Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 6. Jaman Islam

Katalog:Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172
Sambung:
1.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1633.
2.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 1. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1634.
3.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 2. Sêrat Jawi kina ingkang mawi sêkar. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1635.
4.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 3. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1636.
5.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 4. Thukulipun basa Jawi têngahan. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1637.
6.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 5. Kidung basa Jawi têngahan . Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1638.
7.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 6. Jaman Islam. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1639.
8.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 7. Jaman Surakarta awal. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1640.

91

VI. JAMAN ISLAM

Nalika mumbul-mumbulipun jaman Majapait, ing tanah Jawi kadugi sampun wontên tiyang agami Islam dhatêng saking manca satunggal kalih. Saya dangu saya kathah, nanging taksih sami manggèn wontên kitha dagang ing pasisir, upaminipun Tuban, Sidayu, Grêsik.

Tiyang Sêlam wau kajawi among dagang, ugi nyambi nglêbêtakên agaminipun: ing sakawit namung angsal tiyang alit kemawon. Dangu-dangu tamtunipun inggih wontên priyantun satunggal kalih ingkang lumêbêt agami Islam.

Dilalah karsaning Allah, majêngipun agami Islam wontên ing tanah Jawi, punika kêsarêngan jaman ura-uru ing salêbêting karajan Majapait, satêmah suda kêkiyatanipun, wasana risak babarpisan. Ing nalika punika para - yèn ing jaman samangke ingkang dipun wastani - intellectuelen Jawi saya kathah ingkang lumêbêt agami Islam; kilap saking korup utawi saking kapêksa pados sandhang têdha, punika sami kemawon. Ingkang makatên wau anjalari para intellectuelen ngêmpal wontên ing ulêkaning agami Islam, ingkang dangu-dangu dados ulêkaning pangawasa, satêmah dados pusêring kabudayan Jawi-Sêlam. Ing sasampunipun makatên [ma...]

92

[...katên] lajêng thukul sêrat basa Jawi ingkang isinipun bab Islam. Sêrat ingkang kados makatên wau ing samangke taksih sawatawis kathah kêkantunanipun, kados ta sêrat ingkang samangke kasêbut nama:

47. Het boek van Bonang

Sêrat punika basanipun taksih basa Jawi têngahan gancar, nanging isinipun bab agami Islam. Ukaranipun sajak kêtularan ukara basa Arab, amila angèl têgêsipun; ugi wontên cengkokipun Malayu sawatawis, kados ta ana pon (ada pun).

Murih cêtha, kula pêthikakên wiwitanipun sawatawis:

Sasampunipun puji basa Arab: "Bi'smillahi ... wabihi nasta'in ..." lajêng:

Nyan punika caritanira Shaich al Bari, tatkalanira apitutur ling carita saking kitab Ihya'ulum aldin lan saking Tamhid antukira Shaich al Bari amêthêt ing tingkahing sêsimpênaning nabi wali mu'min kabèh.

Mangka akêcap Shaich al Bari - kang sinalamêtakên dening pangeran - : e mitranisun, sira kabèh dèn sami angimanakên wirasaning Usul Suluk inkangingkang kapêthêt tingkahing anaksèni pangeran; miwah kawruhana yèn sira pangeran tunggal, tan kalih; saksènana yèn sira pangeran asifat sadya suksma, mahasuci tunggalira, tan ana pêpadhanira kang mahaluhur.

Makatên salajêngipun. Sêrat punika sampun kacithakakên mawi aksara latin, saha pangrêmbag kaliyan udalaning isinipun (sanès prêtalan) dening DR B. J. O. SCHRIEKE (Proefschrift, Leiden 1916).

Wontên malih sêrat barakanipun "Het boek van Bonang", inggih punika sêrat ingkang samangke kasêbut nama

93

48. Een Javaans Geschrift uit de 16e eeuw

Sêrat punika inggih ngangge basa Jawi têngahan gancar. Isinipun ugi bab agami Islam. Nanging panyêratipun sampun sawatawis risak kathah ingkang pelo pilêg. Pêthikanipun mawi kalêrêsakên ungêl-ungêlanipun, kados ing ngandhap punika:

Isarating imam, pitung prakara: kang dhumuhun asih ing pangeran, ka 2 asih ing nabi kabèh, ka 3 asihing wali, ka 4 angandhêg satruning pangeran, ka 5 awêdi ing siksaning pangeran, ka 6 angandêl ing rahmating pangeran, ka 7 angêgungakên pakoning pangeran, andohi sakèh laranganing pangeran.//

Bagindh' Ali - raliyallahu nganhu - tinakenan dening wong: Ya Ali, punapa bot saking langit, punapa kang alo saking bumi,§ Ing lugunipun mungèl: punapa kang atus saking wêsi; rangkêp kaliyan watu. punapa kang atos saking watu, punapa kang kaliwat sugih saking samudra, punapa kang kaliwat panas saking api, punapa kang kaliwat atis saking naraka Jamanirah, punapa kaliwat pait saking upas?// Maka sumahur baginda - raliyallahu anhuma: kang andalih ing lêmahing wong abêcik dèn dalih ala, kaliwat bote saking amondhong langit, abêcik dèn dalih ala. Ka 2 kang abênêr iku kaliwat alo saking bumi, ka 3 atining wong munapèk iku kaliwat atos saking watu, ka 4 ati kang kana'at iku kaliwat sugih saking samudra, ka 5 ratu kang kaniaya iku kaliwat panas saking api, ka 6 têka anglarani atining wong, iku kaliwat asrêp saking naraka Jamanirah, (ka 7) kang darana iku kaliwat pait saking upas.// Makatên salajêngipun.

Sêrat punika sampun kacithakakên dening DR J. G. H.

94

GUNNING mawi aksara Jawi tampa prêtalan (Proefschrift, Leiden 1881). Prêtalanipun ing basa Walandi ingkang andamêl DR H. KRAEMER mawi pangrêmbag saha katrangan moncèr sangêt: Een Javaanse primbon uit de 16e eeuw (Proefschrift, Leiden 1921).

49. Suluk Sukarsa

Kados ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, sêrat punika basa Jawi têngahan mawi sêkar, nanging sêkar cara kina, sêkar çloka, lampah wolu-wolu kaping 4, sampun mbotên mawi guru lagu.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên, bab mystiek; mèh sami kemawon kaliyan ingkang kagêlarakên wontên ing sêrat Dewaruci, namung kaot dede Islam kaliyan Islam.

Wiwitanipun sêrat punika sampun ical. Nanging mirid wontênipun samangke ingkang ical wau botên patos kathah. Murih têrang, kapêthikakên sakêdhik, kados ing ngandhap punika:

5. pan sami pakèning suksam,suksma margane antuk sampurna. / dèn awas sira yan mulat, sampun kaliru ing sadya. / yan sira tanpa guruwa, magsa waspaosèng suksma. / ing suksma sira dèn awas, pan arusit prênahira. //

6. Ki Sukarsa wus anuksma, sinuksma ing jatisuksma. / têkèng sagara ma'ripat, tan emut ing jiwa raga. / mangke atinggal sasana, amatèni pancandriya / tan ketang salwiring lampah, iman tohid datan kocap. //

7. ma'ripat tan kauninga, karêm ing jroning sagara. / jinatèn surahsyanira, ika sih nugrahaning hyang. / tan ana ing jro ing jaba, duk sira tunggal sasana. / tan kocap gusti kawula, atunggal sasananira. //

95

8. kandhih kalimput ing sadya, tan ana têtelanira. / datan ana katingalan, paningale uwus ilang. / ragane kadi bêbathang, awang uwung anarawang. / ing dunya herat tan kocap, swarga siksa datan ana. //

9. kari rêraga kewala, Sukarsa sadya 'nanira. / tan ana muji anêmbah, datan ana kang sinêmbah //

Makatên salajêngipun. Pungkasanipun sêrat Suluk Sukarsa ungêlipun makatên:

Sastra gumêlar ing jagad, kang atuduh pangawikan. / kang wruh ing tuduh sampurna, tan ana irêng ing pêthak. / yèn sira sampun waspada, lumampaha alon-lonan. / kibirira lan sumungah, ujub loba singgahana. //

Ki Sukarsa wus alayar, ing sakathahing sagara. / margane têkèng ma'ripat, tan aetang urip pêjah. / damare murup tan pêjah, panganggo mulya tan rusak. / asangu tan kêna têlas, angungsi ing desa jimbar. //

Ki Sukarsa dènya layar, parahu sabar darana. / salat mangka tiyangira, kinamudèn pangawikan. / linayaran amangun hak, winêlahan niyat donga / dèn watangi panênêdha, dèn pulangi lawan tobat. //

dèn labuhi sukuru'llah, dèn talèni lan kana'at. / dèn pulangi lan wicara, dèn damari ma'arifat. / Ki Sukarsa dènya layar, wus têkèng sagara rahmat. / kawasa dènira layar, wus têkèng sagara ORA. //

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika kenging katandhing kaliyan kidunganipun Hamzah Pansuri, kapêthik kados ing ngandhap punika:

96

Wujud Allah nama pêrahunya. .... / ...................................... / iman Allah nama kêmudinya, / yaqin akan Allah nama pawangnya. / taharat dan istinja nama lantainya. / kufur dan ma'siyat air ruangnya, / tawakul akan Allah juru batunya. / tawhid itu akan sauhnya. / ILLA§ ILLA - La ilahailla'llah. akan talinya / kamal Allah akan tiangnya.§ DR J. DOORENBOS, DE GESCHRIFTEN VAN HAMZAH PANSURI (Proefschrift, Leiden) kaca 18-19. //

Sêrat Jawi jaman Islam, basa Jawi têngahan ingkang ngangge sêkar macapat, ingkang samangke pinanggih sêpuh piyambak, inggih punika sêrat:

50. Kojajajahan

Sêrat punika sanadyan isi piwulang, nanging awujud cariyos. Ingkang dipun cariyosakên, satunggaling patih nama Sang Kojajajahan, bêkti sangêt dhatêng ratunipun, ngibadah, adil lan wicaksana. Saking saening paprentahanipun, sang ratu, Raja Mêsir, asih sangêt dhatêng Sang Kojajajahan, ngantos anjalari sêngitipun para agêng sanèsipun. Ing wasana para agêng wau mados-madosakên lêpatipun sang apatih. Yêktos; trekahipun para pangagêng sagêd dados; Patih Kojajajahan dipun pêjahi. Mayitipun mêdal karamatipun, ingkang anelakakên bilih sang apatih botên dosa. Sang prabu uninga ingkang makatên punika, sêdhih sangêt panggalihipun, gêrah lajêng seda.

Sêrat punika basanipun sae sangêt, emanipun dene ungêl-ungêlanipun sampun sawatawis risak. Sacariyos

97

punika isi 169 pada sêkaripun namung Dhandhanggula thok. Pêthikanipun ing wiwitan, mawi kalêrêsakên ungêl-ungêlanipun, kados ing ngandhap punika:

1. Kady agring tyas kapasah myang srining kartika wiwarjèng kalêngêngan, cipta'ngèl panamunane, marma k amarna langu, ing nagari pinindha rasmining pasisir Parwata, lila nggènya mangu, yèn maha harsèng Basanta, tona rêcêping smita'rjèng gita na lwir pinindha sakalangwan.

2. Ramya lwir padudon kalangêning pasisir Parwata dadya raras, wraning nayèngita mangke, sipta smita sumawur, yayah pangjrah ing sari minging, lwir gêrah mandra'ngde mar, sarkara winuwusnira sang para sujana, pamrêming subasita wêdharing sari, lwir sande sakalangwan.

3. Lwir sasi Basanta pamêwêhing, hir wya-wya'rum angrêmakên driya, pangjrahing cipta cêp mangke, kwèhira sang para utamèng naya pupul alinggih, utar-otaran smita'rjaning tyas winêtu, lwir langw angjrah sakalangwan, satataning sih manah amangun brangti, nitya nalyani cipta.

4. Pringga gronging patapan têpining, pasir pindha sang para utama yan angling duga manise, ring wwang suddha apupul, lwir sunyaning langên pucaking Parwata nyênyêp ramya pan sarwa'dhi wuwus, ring amêdhar rasaning wardayaningcipta 'nglêngêngakên tyas kawi, lwir sande sakalangwan.

5. Nahan pangrancananing tyas brangti, lam-lam amêdhar ramyaning radya, pangring-ringi langên dumèh, mangkana manggih tanduk, wontên ta carita'nyar prapti,

98

sambang sambang ing têmbang, wirasanya'rja'lus, purwa sakèng nusantara, panêngran Koja Jajahan ratu Mêsir, nagarèng purantara.

Dados kala samantên cariyos punika sawêg enggal-enggalan lumêbêt dhatêng tanah Jawi.

Ingkang andamêl sêrat Kojajajahan punika botên kasumêrêpan. Namung pada ingkang pungkasan mratelakakên bilih sêrat wau kadamêl wontên ing Panaraga. Mênggah têmbung kadamêl, ing ngriki botên kêdah dipun suraos: sakawit dipun damêl; sagêt ugi namung katurun kemawon wontên ing Panaraga. Babonipun sagêd ugi langkung sêpuh; malah wontên ancêr-ancêripun bilih sêrat wau kadamêl wontên ing Giri (Parwata), ulêkaning Islam sakawit wontên ing tanah Jawi.

51. Suluk Wujil

Sêrat punika ngêmot wêjanganipun Sunan Bonang dhatêng pun Wujil, tiyang cebol ingkang dipun cariyosakên tilas kalangênanipun ratu ing Majapait; ingkang kaping pintên utawi ingkang pundi, mbotên dipun têrangakên.

Sampun tamtu kemawon bilih wêjangan wau bab ngèlmu kasampurnan, utawi mystiek. Wondene mystiek ingkang dipun wulangakên Sunan Bonang, punika inggih mèh sami kemawon kaliyan mystiek ingkang kagêlarakên wontên ing sêrat sanès-sanèsipun, kados ta Dewaruci, Nirarthaprakrêta, tuwin Suluk Sukarsa. Gèsèhipun namung sanès têmbung; ing raos sami kemawon.

Suluk Wujil punika gunggung ngêmot 104 pada, pada angka 55 sêkar agêng Açwalalita, ingkang angka 56 Mijil; sanèsipun Dhandhanggula sadaya.

Sêkaripun Açwalalita taksih cêtha, lampahing guru

99

lagu, anandhakakên bilih sêpuh. Awit sasumêrêp kula, wiwit jaman Kartasura sapriki, tiyang Jawi sampun mbotên wontên ingkang sagêd andamêl sêkar agêng mawi guru lagu.

Ing salêbêting sêrat wau wontên sêngkalanipun taun: panêrus tingal tataning nabi = 1529 taksih taun Çaka = 1607 taun Masehi. Nanging angka wau katumrapakên pandamêlipun punapa panurunipun, punika botên cêtha. Nanging kadospundi-kadospundiya sêrat wau nalika taun punika sampun wontên. Awit botên wontên titikipun bilih angka taun wau susulan enggal. Dados bilih makatên sêrat wau nalika jumênêngipun Sinuhun Seda Krapyak, ingkang rama Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, sampun wontên.

Pêthikan sakêdhik saking sêrat Suluk Wujil, kaaturakên kados ing ngandhap punika:

19. Dipun wêruh ing urip sajati, lir kurungan rêraga sadaya, bêcik dèn wruhi manuke, rusak yèn sira tan wruh, hih ra Wujil salakunèki, iku mangsa dadiya, yèn sira'yum wêruh, bêcikana kang sarira, aswèsmaa ing ênggon punang asêpi, sampun kacakrabawa.

20. Aja'doh dera ngulati kawi, kawi iku nyata ing sarira, punang rat wus anèng kene, kang minangka pandulu, trêsna jati sariranèki, siyang dalu dèn awas, pandulunirèku; punapa rêkèh pracihna, kang nyatèng sarira sakabèhe iki, saking sipat pakarya.

21. Mapan rusak sajatinirèki, dadine lawan kaarsanira, kang tan rusak dèn wruh mangka, sampurnaning pandulu, kang tan rusak anane iki, minangka tuduh ing Hyang, sing wruh ing Hyang iku, mangka sêmbah pujinira, mapan awis kang wruha ujar puniki, dahat sipi nugraha.

100

Suluk Wujil punika sampun kacithakakên mawi aksara latin, dipun prêtal ing basa Walandi saha karêmbag lan katandhing sawatawis, wontên ing TIJDSCHRIFT DJAWA taun 1938.

52. Suluk Malangsumirang

Sêrat punika dipun cariyosakên damêlanipun Sunan Panggung nalika lumêbêt ing tumangan (latu kangge pati obong), minangka paukumaning paprentahan nagari ing Dêmak, saking anggènipun angrisak sarak. Punapa inggih makatên sayêktos, punika namung kasumanggakakên.

Isinipun Suluk Malangsumirang punika kawruh kasampurnan, mawi nyêmoni tiyang ingkang anggondhèli sarak. Dene tiyang ingkang sampun dumugi ing kajatèn, punika dipun cariyosakên makatên:

11. Dosa'gung alit tan dèn singgahi, ujar kupur kapir kang dèn ambah, wus liwung pasikêpane, tan andulu-dinulu, tan angrasa tan angrasani, wus tan ana pinaran, pan jatining suwung, ing suwunge iku ana, ing anane iku surasa sajati, wus tan ana risasan.rinasan.

12. Pan dudu rasa karasèng lathi, dudu rasaning apa'pa lawan, dudu rasa kang ginawe, dudu rasaning guyu, dudu rasa kang angrasani, rasa dudu rêrasan, kang rasa amêngku, sakèhing rasa karasa, rasa jati tan karasa jiwa jisim, rasa mulya wisesa.

13. Kang wus tumêka ing rasa jati, sêmbahyange tan mawas nalika, lwir mili jatine, tan ana jatinipun, muni mona turu atangi, saosiking sarira, pujine lumintu, raina wêngi tan pêgat; puji iku raina wêngi sirèki, akèh dadi brahala.

101

14. Pangrunguningsun duk rare cili, nora Sêlam dening asêmbahyang tan Sêlam dening pangangge, tan Sêlam dening saum, nora Sêlam dening nastiti, tan Sêlam dening tapa, nora dening laku, tan Sêlam dening aksara nora Sêlam yèn anut aksara iki, tininggal nora êsah.

15. Sêlame ika kadi punêndi, kang ingaranan Sêlam punika, dening punapa Sêlame, pan ing wong kapir iku, nora dening amangan bawi, yadyan asêmbahyanga, yèn durung awêruh, ing sajatine wong Sêlam, midêra anglikasan amontang-manting, jatine kapir kawak.

Makatên salajêngipun.

Ingkang kula pêthik ing nginggil punika sêrat ingkang sawatawis sêpuh. Sêrat ingkang ênèm, ingkang sampun kathah ewah-ewahan sarta wêwahanipun, sampun kacithak mawi prêtalan ing basa Walandi saha pangrêmbag dening PROF. DR W.J. DREWES, wontên ing TIJDSCHRIFT DJAWA, taun 1927, kaca 97.

Sêrat Suluk Malangsumirang, saya kathah wêwahan saha ewah-ewahanipun ugi sampun dipun cithakakên dening pakêmpalan "Brahmawidya" ing Ngayogyakarta, Desèmbêr 1931. Ungêl-ungêlanipun dipun wêwahi crita-crita kados adatipun ing kalangan Theosofie. Nanging ungêl-ungêlanipun ing pada 11 nginggil punika, bilih kula botên kêlintu, ing sêrat cithakan Ngayogya wau botên wontên, tur uruting pada, manawi katandhing kaliyan sêrat ingkang kula pêthik, kêtingal kisruh.

Sanadyan sêrat Malangsumirang punika mbotên mawi angka taun, nanging sarèhne dipun cariyosakên damêlanipun Sunan Panggung, amila kula cêlakakên kaliyan suluk Wujil, damêlanipun Sunan Bonang.

102

53. Sêrat Nitisruti

Sêrat punika wontên ing jaman Surakarta kala 50 taunan kêpêngkêr, misuwur sangêt. Mênggah isinipun inggih piwulang kasaenan. Ing wiwitanipun sêrat punika wontên titimasa taun warni candrasêngkala, ungêlipun makatên: Sarasa sinilêm ing jaladri bahnimahastra candra sangkala, dados ing taun 1534, taksih ugi taun Çaka (1612 taun Masehi). Kaliyan sêrat Suluk Wujil dados namung kaot 5 taun, inggih taksih wontên salêbêting jumênêngipun Sinuhun Seda Krapyak. Mangka limrahipun Nitisruti punika dipun wastani damêlanipun Pangeran Karanggayam, ing nagari Pajang. Cariyos punika kintên kula wontên lêrêsipun, ugi wontên lêpatipun. Mirid angka taun, sampun cêtha bilih punika damêlan kala jaman Mataram. Wondene dipun cariyosakên damêlanipun Pangeran Karanggayam ing Pajang, punika kintên kula lêpat, bilih dipun suraos kala jaman Pajang, jumênêngipun Radèn Jaka-Tingkir; nanging lêrês, manawi dipun suraos: Pangeran Karanggayam ingkang dêdalêm ing Pajang nalika jaman Mataram. Awit dhusun utawi kitha Pajang, punika kala jaman Mataram têmtu taksih sawatasisawatawis rêja, taksih dipun dunungi pangagêng utawi priyantun. Dados sagêd ugi lêrês Pangeran Karanggayam punika kala rumiyin dêdalêm ing Pajang, nanging sampun jamanipun Sinuhun Seda Krapyak.

Ingkang murugakên wontên kojah bilih sêrat Nitisruti damêlan kala jaman Pajang, punika pratelan saking Pasarkliwon, Surakarta. Ungêlipun makatên:

Punika kakawin Nitisruti, anggitanipun pangeran ing Karanggayam, lênggahipun êmpu jangga ing Pajang. Panganggitipun wau awit saking karsa dalêm ingkang

103

Sinuhun Kangjêng Sultan ing Pajang, wiwitan dumugi ing wêkasan sadaya sangang dasa kalih pada. Sasampuning tamat panganggitipun lajêng katêdhak sinêrat dening Arya Dhadhaptulis, lênggahipun panyarikan dalêm ing Pajang. Wiwiting pênyêrat ing malêm Rêbo tanggal kaping kawan wêlas wulan Asura, ing taun Wawu, windu Sancaya, sinangkalan nalika panganggitipun bahnimahaastra candra ... , dados angkaning warsa 1513.

Pratelan ing nginggil punika cêkakipun kathah omong-kosongipun. Sapisan, pamêdhoting sêngkalan punika lêpat. Sanadyan lêrêsa, dhumawah ing taun 1513, punika inggih mêksa lêpat yèn kagathukakên kaliyan Sultan Pajang. Awit taun 1513 (1591 taun Masehi), punika sampun dhumawah ing salêbêting jumênêngipun Panêmbahan Senapati; jumênêngipun wontên ing taun 1508 = 1586 taun Masehi. Kula wangsuli malih, pratelan punika namung antêmkrama kemawon. Dipun kintên yèn ing wingking botên wontên ingkang nliti.

Ingkang andamêl sêrat Nitisruti punika rêmên maos sêrat Ramayana, amila kathah sangêt têmbung-têmbung ingkang kapêndhêt saking sêrat Ramayana. Malah Asthabrata Wibisana inggih kapêthik wêtah wontên ing pada 76 dumugi pada 82.

Kajawi piwulang kasaenan, ing sêrat Nitisruti kathah mystiekipun. Kados ta mystiekipun tiyang pêrang ing pada 88 ungêlipun:

88. Satyakênang naya atoh pati, yeka palayaraning atapa, gunung wêsi wasitane, tan kêdhap ing panduluning dumadi dadining bumi, akasa mwang i riya, sasamaptanipun, jatining purba wisesa, tan ana lara pati kalawan urip, uripe tansèng tunggal.

89. Panjuring sarira wus wruh lwirning, lara'ntaka nir

104

tang baya tansah, nirnakên trasa wêkase, aywa ngrasani antu, aywa mara sadya matèni, wyakti tatan winênang, wêwalêr asêlur, singa sadya matèn ana, wyakti anggantèni gantunganing pati, pan salwir wêwangsulan.

Yèn kadamêl ing basa gancar jaman sêmangke, makatên: sumpaha dhewe niyat nganggo tuntunan atoh pati, ya iku lakune wong tapa ana ing gunung wêsi (= paprangan) miturut unining piwulang. Ora kêdhap paningale marang sakèhing dumadi lan dadining bumi langit lan kabèh kang ana ing kono. Kabèh iku sipating Pangeran; ora ana pati ora unaana urip, uripe wis nunggal lan kang Mahasuci.

Ênggone ngêjur badan awit wis wêruh sajatining lara pati, (iku dudu barang-barang), mula wis ora ana kang disumêlangi, wêkasan ngilangake wêdi. Aja ngrasani pati, aja sêdya matèni, iku ora kêna; akèh bangêt larangane. Sing sapa sêdya matèni, mêsthi uga ginantungan ukum pati, awit ing dunya iku anane mung wêwalêsan.

Ing pada 17 sêrat Nitisruti mungêl: rèhne pangiwa sampun kinawi, kasujanan sujana sarjana, mingis ingungas gandane, pan wus kinirtèng kidung, koja lawan sang natèng Mêsir, rèh sang para sujana, anjarwakên wuwus, wignyaning pradnya gitadnya, kasusilan lan salungguhing naya'di, yan ika kadriyana.

Têgêsipun: ing layang-layang kang dudu asli agama Islam wus padha mratelakake mungguh pêpathokaning kasujanan, lakune para sujana, sarjana. Iku yèn ko inguk mêsthi krasa (yèn ko waca kowe mêsthi wêruh). Ana manèh lêlabêdane Sang Kojajajahan lan ratu ing Mêsir iya wis didadèkake carita kidung. Wis akèh para sujana ênggone ngandharake piwulang, sangka kawruhe [kawru...]

105

[...he] olèh saka layang-layang kuna bab kasusilan lan dununging laku kang bêcik; iku bae lêbokna ing atimu.

Koja lawan Sang Natèng Mêsir ing ngriki gênah sêrat Kojajajahan ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng; anandhakakên bilih sêrat Nitisruti langkung ênèm.

Pancènipun têtêmbunganipun sêrat Nitisruti punika sae sangêt; nanging ungêl-ungêlanipun sampun kathah ingkang risak. Sêrat ingkang sampun risak punika sampun nate kacithak mawi aksara Jawi, dipun damêl tigang kolom: kawi, jarwa, surasa. Ingkang nyithak, bilih kula mbotên kêlintu, drukkerij "De Langen" ing Surakarta kala taun 1871.

54. Sêrat Nitipraja

Sêrat punika kenging dipun wastani adhinipun sêrat Nitisruti. Mèh sabarang-barangipun ingkang dipun tiru Nitisruti. Dalah isinipun inggih kathah èmpêripun; wosipun wulang dhatêng para luhur ing nagari, bab pangulahing praja saha angêmong dhatêng tiyang alit.

Murih têrangipun bilih Nitipraja punika adhinipun Nitisruti, kula pêthikakên wiwitanipun sakêdhik.

Kadi silêm ing sagara gêni, rasaning driya eka sangkala, duk linakwan panyarike, Nitipraja ingapus, dening midha pracaya ngapti, amiyatèng sarira, anglêngkara punggung, kumawi paksa utama, kwèhning jana prahita tan winigati, kêdah ingalêm wignya.

Sampun kagiwang ing krama yakti, ilang kelangan dadi kapapa. Puwara rusak ragane, dumadak kapisandung, lamon sira tan wrin paranti, raganira lwir ratna, ing sela dinulu, dadarên sadina-dina, aja tungkul ing silakrama prayogi, dadi dêling ing raga.

Lamon sira tinitah bupati, anganggeya kasudarman, [kasudar...]

106

[...man,] dèn kadi surya padhange, sumadyaa lwir ranu, munggwing'cala Himawan êning, mwang kadi ta samudra, pamotirèng tuwuh, rahing amawi santana, wruhanira lwir warsa taru lata'nglih, mangsaning labuh kapat.

Mêndhung galudhug dhawuhing riris, kang dèn pinta dening bala kosa, dèn tahênakên awake, kajawêhan angrêmbun, enggar-enggar dènira amrih, kula busana boga, wanita dèn yun-yun, iku ta sadyaning bala, yèn anyidra ing dana kramaning asih, tan wande janma sunya.

Makatên salajêngipun.

Pêthikan ing nginggil punika sampun anelakakên cêtha bilih ingkang dipun tiru, sêrat Nitisruti. Dalah sêngkalanipun inggih wontên ing wiwitan, tur têmbungipun ingkang dipun angge inggih mèmpêr; gêni rasa driya eka = 1563 taun Jawi = 1641 taun Masehi, dhawah ing salêbêting jumênêngipun Sinuwun Sultan Agung ing Mataram. Amila sêrat Nitipraja punika dipun cariyosakên yasanipun Sinuwun Sultan Agung, punika inggih wontên èmpêripun.

Sêrat Nitipraja inggih mratelakakên sêrat Kojajajahan, langkung panjang katimbang wontên ing sêrat Nitisruti. Ungêlipun makatên:

Wontên pêpatihing Raja Mêsir, umung kaloka tinêpa-têpa, Kojajajahan wastane, bala Mêsir kawêngku, saparentahira ngecani, para ratu kabala, samyasih alutut, sakathahing para nata, yèn aseba asamodana ing patih, mantri sakancanira.

Sinogata kwèhing tandha mantri, para ratu kang ayun aseba, tinuwukan sakarsane, busana wastra luhung, sabuk layan dasthar sumaji, têkèng jawi warata, baksana lumintu, sêsampuning andrawina, sami mijil asewakèng sri bupati, Koja lumakwèng wuntat.

107

Têtiga panakawanira'sri, kang anggawa cis upacaranya, kaskul lawan lulunggule, akampuh wastra lusuh, akulambi tambal raspati, sabukipun kaloka, nyampingipun wulung, kris landheyan bêbêngukan, dènya patih tungkul ing susilanya'di, patine kênèng cidra.

Pêthikan ing nginggil punika nandhakakên bilih sêrat Kojajajahan kala jaman Mataram misuwur sangêt.

Sêrat Nitipraja gadhahan kula ungêl-ungêlanipun kina sampun kathah ingkang dipun ewahi dening ingkang nurun. Wondene pêthikan ing nginggil punika ungêl-ungêlanipun ingkang taksih sawatawis tulèn, awit pêndhêtan saking têtandhinganing sêrat kina, ingkang kasimpên wontên ing Musium Jakarta.

55. Sêrat Sewaka

Sêrat punika isi piwulang dhatêng tiyang ingkang ngèngèr. Yèn kapêthik wiwitanipun kemawon sampun sagêd cêtha dhatêng kajênging piwulang wau. Wiwitanipun makatên:

Layang sewaka manira ngawi, jalma paksa kawayang buwana, sakala duk pangapuse, têpa palupinipun, rèhning sumawita bupati, aywa manah nalimpang, ing warah lan wuruk, ing purwa madya wasana, aywa lali ing tata kalawan titi, takona têtirona.

Satyane kang antuk sihing gusti, angawula sêdyakêna tapa, gusti pètên barêkate .... makatên salajêngipun.

Sêrat punika mawi angka taun warni sêngkalan: jalma paksaka wayang buwana = 1621 utawi 1699 taun Masehi; inggih punika jamanipun Sinuwun Mangkurat, ingkang raka Sinuwun P.B.I (Pangeran Pugêr).

Basanipun sêrat punika sampun nama basa Jawi jaman samangke, kajawi têmbung satunggal kalih, ingkang ing samangke sampun botên kangge ing têgês

108

punika. Kados ta satya ing ngriki têgêsipun: sumpah; luwang = kang wisklakon = adat. Grêban, basanipun sêrat Sewaka punika sae, dlodor-dlodor, cêtha, botên kêkathahên cengkok. Punika pêthikanipun sawatawis:

15. Ingkang aguna sarana sêkti, awiwitan tabêri ing kina, mila luhur darajate, ing wong sungkanan iku, nistha ala-alaning jalmi, sarèhe wong ngawula, gusti prihên butuh, ngunguna sasêpinira, wong kang guna kalah dening wong tabêri, kang agriyèng pasowan.

16. Wong tabêri matane lan kuping, kang amuruk ing sadina-dina, wêkasan dadi pintêre, kang katon kang karungu, kang abêcik dipun wêwuri, gumarit ing wardaya, dèn tarimèng wuruk, tan nalimpangakên warah, lamon ana wuruking mata lan kuping, age laksanakêne.

17. Lan aja pêgat aminta wisik, wuruking kanca rewang sapangan, kabèh prihên barêkate, kulanana sadarum,§ Ing sêrat ingkang langkung sêpuh, têmbung SADARUM punika mungêl SABDA'RUM UNI MANIS. Dados KULANANA SABDA'RUM = AJÈNANA NGANGGO TÊMBUNG MANIS. Nanging sadarum sampun kalajêng atêgês: KABÈH, dipun kintên kawining sadaya. agêng alit prihên padha'sih, yèn ingaruh-aruhan, solahe kang dudu, narima'ge owahana, tarimanên wong iku nyata yèn asih, tandhane asung warah.

18. Iku mulane wong dadi bangkit; kang bodho datan narimèng warah, warêngkêng awèt bodhone, yèn kajog kapisandhung, arus amis akèh kang gêthing, sami sêngit sadaya, tan ana'sung wêruh, angangge karêpe dhawak, tuna liwat ing budi tan dèn kawruhi, wêkasan untuk walat.

Sêrat Sewaka punika kala taun 1851 sampun kacithakakên dening J. A. WILKENS mawi aksara Jawi saha prêtalan ing basa Walandi. Nanging têmbung-têmbung ingkang sawatawis kina, sampun kathah ingkang dipun

109

santuni têmbung enggal. Makatên ugi purwakanipun inggih dipun santuni babarpisan, dening ingkang nurun, namanipun SUMADIRANA. Sangkalan ingkang pinanggih wontên ing purwaka enggal punika mungêl: naga candra rêsi tunggal = 1718 taun Jawi; dados mèh kaot satus taun kaliyan sêngkalan ingkang tulèn.

56. Sêrat Menak

Nalika agami Islam sampun lumêbêt ing tanah Jawi, cariyos-cariyos Islam ugi lajêng tumut malêbêt, ingkang kathah mawi mampir dhatêng basa Malayu rumiyin. Nanging lêbêtipun satunggal-tunggaling sêrat wau botên kasumêrêpan têrang kala punapa. Namung sêrat Menak, punika kenging dipun têmtokakên bilih kala jaman Mataram sampun dados sêrat basa Jawi.

Mênggah babonipun sêrat Menak punika cariyos saking tanah Pèrsi; kadadosakên sêrat basa Malayu rumiyin, nama Hikayat Amir Hamzah, lajêng sawêg kajawèkakên dados sêrat Menak wau.

Ingkang dipun angge wiwitaning cariyos, Kangjêng Nabi Mohammad andangu dhatêng Bagindha Abas, kadospundi lêlampahanipun Bagindha Ambyah, ingkang wontên ing sêrat Menak lajêng karan Wong Agung. Wondene Bagindha Ambyah punika sadhèrèk kaliyan Bagindha Abas sarta kalêrês pamanipun Kangjêng Nabi.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên, wosipun mêmêngsahanipun Wong Agung Menak kaliyan Prabu Nursewan, ratu ing Madayin. Wong Agung punika agaminipun Islam, Sang Nursewan taksih kapir. Mangka Wong Agung wau krama angsal Dèwi Muninggar, putranipun Sang Nursewan. Punika ingkang anjalari dados cariyos ngambra-ambra, panjang sangêt, ambosêni. Awit pun mantu mbotên têgêl mêjahi marasêpuhipun; dene

110

marasêpuhipun, yèn kawon pêrang tamtu lajêng ngungsi dhatêng ratu sanès, ingkang gadhah adi èstri. Lajêng prang malih kaliyan Wong Agung. Wong Agung mêsthi kawon rumiyin, lajêng dipun tulungi putri wau, dados garwa, lajêng prang malih, ratu ingkang dipun pundhuti tulung Prabu Nursewan kawon, têluk manjing Islam; Prabu Nursewan mlajêng, nêdha tulung dhatêng ratu sanèsipun malih, lajêng têrus makatên salajêngipun. Têmtunipun inggih wontên sontan-santuning cariyos, nanging grêbanipun, kados ragangan ing nginggil punika.

Sêrat Menak ingkang samangke pinanggih sêpuh piyambak, punika, kasêrat kala taun 1639 taun Jawi, saking karsanipun Kangjêng Ratu Mas Balitar, garwa dalêm Ingkang Sinuwun Paku Buwana I (Pangeran Pugêr) ing kraton Kartasura. Ingkang kadhawuhan nyêrat nama Ki Carik Narawita, mantunipun Ki Carik Waladana. Nanging punika mbotên nyêrat ingkang kawitan, sampun kantun nurun saking babon ingkang langkung sêpuh.

Cariyosipun sêrat Menak Kartasura punika taksih mèpèt sangêt dhatêng Hikayat Amir Hamzah; tur têtêmbunganipun inggih taksih kêtawis têmbung pasisir, laguning kêkidungan taksih mambêt kêkidungan Jawi têngahan, kêtawis anggènipun kêrêp ngangge têmbung rêke, rêko, tan asari, tan asantun saha katèngsun, sapanunggilanipun. Têmbangipun Sinom pada lingsa ingkang angka 3 taksih kêrêp dhawah o.

Mênggah jênggêrênging dhapukan cariyos, sêrat Menak punika plêg kaliyan sêrat Panji. Ing nginggil sampun kaaturakên bilih sêrat Panji ingkang wiwitan, punika saking saenipun ngantos dados contoning sêrat macapat. Makatên ugi sêrat Menak punika ing raos inggih sêrat Panji, namung nama-namaning tiyang ingkang dados lampahan, ingkang beda. Dayaning sêrat

111

Panji dhatêng sêrat Menak punika kêtingal cêtha wontên ing têmbung Radèn Galuh = Dèwi Muninggar, utawi putri sanèsipun. Makatên ugi namanipun Wong Agung: Jayèng anu, Jayèng anu, punika inggih pêndhêtan saking sêrat Panji.

Wontên ing jaman Jawi Sêlam sêrat Menak punika dipun rêmêni ing tiyang sangêt, saking anggènipun andamêl propagandha agami Islam. Saking tiyang kathah sami rêmên, ngantos anjalari wontênipun cariyos Menak Pang, ingkang botên sakêdhik cacahipun, tur sumêbar ngantos dumugi ing tanah Sasak, pulo Lombok saha ing Palembang. Sêrat Menak Palembang saha Sasak punika ingkang sêpuh, basanipun taksih Jawi tulèn, ingkang ênèm radi kêcampuran têmbung utawi rimbagan Sasak sawatawis.

Sêrat Menak Pang punika ingkang misuwur piyambak nama

57. Sêrat Rêngganis

Ingkang dipun cariyosakên: wontên satunggaling pandhita tapa wontên ing rêdi Argapura; sang pandhita wau kala rumiyin jumênêng nata wontên ing nagari Jamineran. Sarêng kagungan putra putri satunggal, kaparingan nama Dèwi Rêngganis; botên dangu garwanipun seda, sang prabu lajêng tilar kaprabon.

Dèwi Rêngganis dipun opèni ingkang rama piyambak wontên ing patapan. Labêt putraning pandhita, sang dèwi alit mila sampun rêmên tapa; ingkang dipun dhahar namung sarana nêsêp maduning sêkar-sêkar, amila inggih sakti sangêt, sagêd mabur.

Pangeran Kelan, ugi karan Sang Rêpatmaja, sampun krama angsal putri ing Jamintoran, nama Dèwi Julusulasikin, nanging botên karsa atut. Sang radèn

112

damêlipun namung amêng-amêng wontên ing patamananipun, nama Banjaransari.

Ing satunggaling wêkdal Dèwi Rêngganis amêng-amêng dhatêng patamanan wau, mêthik sêkar, madunipun dipun dhahar, lajêng kesah malih. Pangeran Kelan tampi palapuran bilih sêkar ing patamanan kêrêp ical; ingkang mêndhêt dipun têlik, wasana kêpanggih: Dèwi Rêngganis; sang radèn kedanan sangêt. Sang dèwi dipun grêgik dening sang radèn karsaa dados garwa, nanging sang dèwi botên karsa yèn botên dipun maru kaliyan putri ing Mukadam, nama Dèwi Kadarmanik.

Dèwi Rêngganis kêrêp sangêt wungsal-wangsul dhatêng patamanan nanging botên wontên ingkang sumêrêp kajawi Pangeran Kelan piyambak; amila manawi sang pangeran pinuju ngungrum, dipun wastani gêrah ewah dening para nyai ingkang sami ngladosi.

Wong Agung mirêng bilih Pangeran Kelan gêrah, tur botên rêmên dhatêng Dèwi Julusulasikin, lajêng dhawuh amboyong sang pangeran sagarwa dhatêng kadhaton. Gêrahipun Pangeran Kelan saya nglayung; dipun aturi atut kaliyan ingkang garwa, botên karsa.

Dèwi Rêngganis rawuh malih; Pangeran Kelan mapagakên, ngungrum; tiyang-tiyang sami bingung, sang radèn dipun wastani kimat. Kèndêl-kèndêl manawi Sang Rêngganis sampun kesah malih.

Ing satunggaling wêkdal Sang Rêngganis rawuh malih; sang pangeran dipun jak sowan ingkang rama dhatêng patapan Argapura. Dèwi Rêngganis mabur, sang radèn gondhelan sampur, dumugi ing patapan sang radèn lajêng marêk dhatêng sang pandhita.

Ing kratonipun Wong Agung gègèr dening icalipun Pangeran Kelan. Umarmaya kadhawuhan madosi. Umarmaya takèn dhatêng sang pandhita nama Sèh Dul Kurès,

113

dipun cariyosi panggenanipun Pangeran Kelan, nanging Sang Umarmaya mbotên suka nusul; kadhawuhan têrus kemawon dhatêng nagari Mukadam. Awit Prabu Nursewan wontên ing ngriku, minta sraya dhatêng Ratu Mukadam. Malah Dèwi Kadarmanik sampun kadhaupakên kaliyan Radèn Hirman, putranipun Prabu Madayin; nanging sang putri botên karsa atut.

Bala ing Mukadam punika sanès tiyang; balanipun rêca tosan ingkang kenging kaparentah prang; nujumipun ingkang juru marentah prajurit rêca wau nama Sang Majusi. Sang Majusi sampun sumêrêp bilih badhe wontên pandung nêlik (Sang Umarmaya), amila dhawuh supados prayitna.

Umarmaya dhatêng, masang sirêp, nanging botên tumama, malah ngantuk piyambak, wasana tilêm. Kasangipun kacanthèlakên wontên ing pucuking wit-witan. Umarmaya dipun dêkêp dening bala Mukadam, dipun upasi saha lajêng dipun lêbêtakên ing sumur wisa.

Ing Mukadam lajêng pista bingah-bingah.

Dèwi Kadarmanik susah sangêt, ngajêng-ajêng rawuhipun mitra saha gurunipun, inggih punika Dèwi Rêngganis. Sang Kadarmanik sampun lumêbêt agami Islam. Dèwi Rêngganis rawuh kaliyan Pangeran Kelan, nanging sang radèn dipun tilar wontên ing jawi.

Dèwi Kadarmanik muwun awit botên rêmên dhatêng Sang Hirman. Sarêng Dèwi Kadarmanik dipun rapu dening Dèwi Rêngganis, lajêng sare. Dèwi Rêngganis mêdal, Pangeran Kelan dipun aturi malêbêt gêntos, tunggil sare kaliyan Dèwi Kadarmanik. Sang dèwi kagèt, dene sandhing tiyang jalêr; sang radèn ngandika bilih panjênênganipun punika Dèwi Rêngganis malih dados kakung; nanging Sang Kadarmanik taksih kêdhih-kêdhih. Sarêng sang dèwi mêksa dèrèng sagêd tutut, sang pangeran [pange...]

114

[...ran] mêdal. Enjingipun kondur dhatêng ing Argapura kaliyan Dèwi Rêngganis.

Ing pandhapi kraton para pangagêng taksih sami pista bingah-bingah. Radèn Hirman, sampun wuru, lumêbêt ing kadhaton murugi Dèwi Kadarmanik. Sang dèwi tutup kontên; para parêkan sami mlajêng, gila. Wontên inya ingkang matur dhatêng Radèn Hirman, bilih dèwi Kadarmanik sêmados. Radèn Hirman bêngak-bêngok ngungrum saking jawi, lajêng kesah kaliyan bêkah-bêkuh.

Dèwi Kadarmanik ngajêng-ajêng rawuhipun Dèwi Rêngganis. Dèwi Rêngganis saèstu rawuh kaliyan Pangeran Kelan; sang dèwi kèndêl wontên ing jawi, Pangeran Kelan ingkang lumêbêt, dipun kintên Dèwi Rêngganis awarni kakung. Solahtingkahing kakung putri wontên ing kamar, nanging Pangeran Kelan mbotên karsa ngrisak pagêring kasusilan, lajêng mêdal. Botên dangu Dèwi Rêngganis malêbêt. Sang Kadarmanik bingah dene Dèwi Rêngganis sampun awarni putri malih. Sarèng Dèwi Rêngganis sampun walèh anggènipun andamêl sulapan, Dèwi Kadarmanik dipun dhawuhi krama angsal Pangeran Kelan. Bab Radèn Hirman tamtu badhe wontên wasananipun.

Radèn Hirman dhatêng malih, sampun wuru sangêt; bêngak-bêngok nêdha dipun papagakên. Dèwi Rêngganis api-api dados Dèwi Kadarmanik matur dhatêng Radèn Hirman, yèn dèrèng sagêd ngladosi. Sang Hirman mundur kanthi gêlaning panggalih. Dèwi Rêngganis wangsul lumêbêt kaliyan Pangeran Kelan; bab krama lajêng dipun rêmbag têrang-têrangan.

Wong Agung ngandikan bab icalipun Pangeran Kelan lan bab sedanipun Radèn Umarmaya. Radèn Maktal ngaturakên katrangan panjang lebar. Bala ing Arab dipun rakit badhe nglurug dhatêng Mukadam.

115

Prabu Nursewan ngandika dhatêng Raja Mukadam bilih sampun giris sangêt dhatêng tindakipun Wong Agung; Prabu Mukadam botên patos praduli. Bala Mukadam inggih sampun katata badhe mapag prang bala Arab. Bala rêca sampun karakit, lajêng campuh prang kaliyan bala Arab. Bala Arab kasêsêr.

Radèn Umarmaya wotên ing salêbêting sumur wisa, ngajêng-ajêng pitulungan saking Pangeran Kelan. Pangeran Kelan, Dèwi Rêngganis saha Dèwi Kadarmanik taksih kêmpal, mirêng wiraosaning tiyang bab kawontênanipun Radèn Umarmaya wontên ing sumur wisa. Pangeran Kelan saha Dèwi Rêngganis murugi dhatêng panggenanipun Sang Umarmaya, lajêng dipun jampèni saha kawêdalakên saking sumur wisa, têrus sami dhatêng nagari Mukadam. Kasang sampun kapêndhêt malih.

Wong Agung ngajêng-ajêng dhatêngipun Sang Umarmaya, awit Wong Agung kraos bilih Sang Umarmaya dèrèng seda.

Raja Mukadam saha Prabu Nursewan sami pista agêng-agêngan awit bala Arab sampun risak.

Radèn Umarmaya saha Dèwi Rêngganis kaliyan Pangeran Kelan sampun sami ngêmpal kaliyan Wong Agung, sawêg ngrêmbag risaking bala. Dèwi Rêngganis matur bilih wadhah toya panggêsangan gadhahanipun Sang Majusi kêdah dipun rêbat rumiyin; awit manawi punika taksih, bala rêca botên sagêd risak. Ing nalika punika bala Arab ingkang sakit sampun sami saras. Gamêlan sampun mungêl. Prabu Nursewan mirêng gamêlan ing pasanggrahanipun Wong Agung, miris sangêt; ngintên bilih Sang Umarmaya sampun wangsul. Raja Mukadam ngrapu dhatêng Raja Nursewan, ngandika bilih Sang Umarmaya sampun pêjah.

Bala Arab sampun tata malih. Sang Umarmaya ngagêm [nga...]

116

[...gêm] kopyah pusaka, mbotên kêtingal ing tiyang, lajêng dhatêng dunungipun Sang Majusi kaliyan Dèwi Rêngganis. Sang Majusi kedanan Dèwi Rêngganis. Dèwi Rêngganis purun ngladosi yèn dipun sukani toya panggêsangan sawadhahipun. Wadhah toya dipun sukakakên, nanging lajêng dipun pêcah dening Sang Umarmaya, toyanipun mawut-mawut. Kasaktènipun Sang Majusi inggih ical babarpisan. Sang Majusi lajêng kapikut, dipun banda. Sang Majusi sampun dipun kunjara, bala Arab mangsah sêsarêngan. Bala rêca risak babarpisan. Raja Mukadam saha Prabu Nursewan lumêbêt ing kitha, tutup kontên.

Kocapa putri Cina, nama Sang Widaninggar, sadhèrèkipun putri Cina Sang Adaninggar, ingkang seda prang kaliyan Dèwi Kelaswara. Sang Widaninggar sumêdya malês ukum sedanipun Dèwi Adaninggar dhatêng Pangeran Kelan, putranipun Dèwi Kelaswara. Sang Widaninggar, kadhèrèkakên prajurit èstri, mangkat nglurug, badhe suka bantu dhatêng raja ing Mukadam. Sang Widaninggar kagungan guru, nama sang Widaningrum, putranipun putri Sang Ijajil. Sang Widaningrum wau, ingkang maringi praboting prang dhatêng Sang Widaninggar, kados ta: kapal ingkang sagêd mabur, saha bala jim kapir.

Sarêng putri Cina sampun dumugi ing Mukadam, Prabu Nursewan saha Prabu Mukadam bêgrak malih. Pêrang sampun wiwit malih; Pangeran Kelan mêngsah putri Cina, mèh kawon lajêng dipun tulungi dening Dèwi Rêngganis.

Putri Cina rêmbagan kaliyan Sang Widaningrum bab anggènipun badhe mangsah prang malih; Sang Widaningrum dipun sungga-sungga sangêt.

Pangeran Kelan rêmbagan kaliyan Dèwi Rêngganis

117

saha Dèwi Kadarmanik bab pêrangipun. Sang radèn mbotên uninga bilih mêngsahipun tiyang èstri.

Sang Widaningrum ing wanci dalu nyolong kasangipun Sang Umarmaya dipun paringakên dhatêng putri Cina, sarwi wicantên: "saiki aja sumêlang".

Saicalipun kasangipun Sang Umarmaya tiyang Arab sami bingung. Dèwi Rêngganis sagah manggihakên kasang. Sarêng sampun campuh prang malih, Dèwi Rêngganis mêngsah Sang Widaninggar; Sang Widaninggar kawon; Sang Widaningrum majêng prang, Dèwi Rêngganis kawon. Bala Arab saya risak. Wong Agung tansah nyênyuwun pitulungan ing Pangeran.

Dèwi Rêngganis isin sangêt dene botên sagêd ngêntasi damêl; sang dèwi lumajêng dhatêng patapanipun ingkang rama, dipun dhawuhi, supados nêdha tulung dhatêng Dèwi Kuraisin. Dèwi Rêngganis mabur dhatêng ing Ajrak.

Kèwi Kuraisin kraos panggalihipun bilih ingkang rama manggih pakèwêd, lajêng utusan ingkang paman Sang Radasatir nuwèni Wong Agung.

Dèwi Rêngganis dumugi ing Ajrak; sarêng pinanggih Dèwi Kuraisin lajêng enggal-enggal mangkat ambantu kadhèrèkakên bala jim Sêlam. Wong Agung tansah prihatos. Pasanggrahanipun dipun kêpang maju pat. Dèwi Kuraisin, Dèwi Rêngganis saha Sang Radasatir dhatêng, mangsah prang. Mêngsah risak. Sang Widaninggar seda; Sang Widaningrum kabanda lajêng kabuncang têbih. Prabu Nursewan lumajêng.

Dèwi Kuraisin saha Dèwi Rêngganis sami sowan dhatêng ingkang rama, Wong Agung. Bala Cina èstri kawan dasa sami têluk lumêbêt agami Islam. Kasangipun Sang Umarmaya sampun kêpanggih malih. Ratu ing Mukadam ugi têluk saha manjing Islam. Dèwi Kuraisin wangsul dhatêng ing Ajrak. Pangeran Kelan saèstu [saès...]

118

[...tu] dhaup kaliyan Dèwi Rêngganis saha Dèwi Kadarmanik.

Prabu Nursewan têrus lumajêng dhatêng Nusantara mundhut tulung dhatêng Prabu Kêndhit Birayung.

Lampahing cariyos Menak Kêndhit Birayung mèh sami kemawon kaliyan ingkang sampun kaaturakên ing nginggil punika.

Sami-sami cariyos Menak Pang, sêrat Rêngganis punika dipun alêm sae sangêt dening para ahli sêrat-sêrat Jawi bangsa Walandi. Pancèn inggih sae sayêktos; nanging inggih namung panggenan sampyêngipun Pangeran Kelan kaliyan Dèwi Rêngganis. Panggenan sanèsipun inggih sêmpêlah, dening namung têrus pêrang-pêrangan thok.

Solah wicaranipun Dèwi Rêngganis sae sangêt. Sang bujangga anggènipun anggambar kados inggih-inggiha sayêktos. Tangkêbipun sang dèwi dhatêng Pangeran Kelan, rumêsêp, nanging kêsit, anggrêgêtakên manah. Upami dipun tirua dening para mudha jaman samangke ingkang sampun ngagêm pêrlup-pêrlupan, kintên kula prayogi sangêt. Pangeran Kelan samantên ugi, inggih kados jêjaka ingkang sawêg berag, tur dipun lêlaga; panggalihipun manasi nanging mbotên mawi duka, rêmênipun saya mêmpêng.

Mênggah saening sêrat Rêngganis, punika wontên sababipun. Inggih punika, sampyêngipun Dèwi Rêngganis kaliyan Pangeran Kelan, punika nyengkok sampyêngipun Radèn Panji kaliyan Dèwi Angrèni. Ing ngriki saya katingal cêtha, bilih sêrat Panji punika agêng sangêt dayanipun dhatêng sêrat carita sanès-sanèsipun ingkang langkung ênèm.

Dipun cariyosakên bilih sêrat Rêngganis punika damêlanipun Rangga Djanur, bujangga ing karaton Kartasura. Punapa inggih yêktos makatên, punika namung

119

kasumanggakakên. Nanging bilih sêrat Rêngganis wau damêlan kala jaman Kartasura - wontên pundi saha sintên plêngipun ingkang andamêl, punika botên dados punapa - kados kenging katamtokakên. LêlawaningLêlewaning basa taksih cêlak sangêt kaliyan sêrat Menak Kartasura kasêbut ing nginggil.

58. Sêrat Manikmaya

Sêrat punika ugi dipun cariyosakên damêlan kala jaman Kartasura; ingkang andamêl nama Kartamursadhah. Nama ingkang awasana ah, punika adatipun nama sadhèrèk Sundha. Punapa Kartamursadhah punika inggih sadhèrèk saking Pasundhan, punika botên patos têrang. Nanging têrang bilih wiwit kala jaman Mataram ngantos dumugi jaman Surakarta awal, para sadhèrèk Sundha, manawi badhe sinau tatakrama saha basa Jawi, lajêng gêgriya ing têlênging kraton Jawi. Putra utawi santananipun para bupati ing Priyangan, punika kala jaman samantên kathah ingkang dipun dunungakên wontên ing têlênging Kraton Jawi, supados sinau tatakrama saha basa Jawi, ngiras ngangsu kawruh kajawèn Islam dhatêng para ngulama ingkang dêdunung cêlak kaliyan kraton. Mbokmanawi Kartamursadhah punika ugi tunggilipun santananing bupati Priyangan, ingkang adêdunung wontên ing Kartasura.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên sêrat Manikmaya wau warni-warni sangêt. Manawi dipun tinggalitingali piyambak makatên, cariyosipun sajak prakawis dakik-dakik, nanging manawi dipun wawas saking sêrat Tantupanggêlaran ingkang sampun kaaturakên ing nginggil, cariyosipun lajêng katingal pating clêbung botên kantên-kantênan. Awit sampun têrang sangêt bilih ingkang dipun cariyosakên wau pêndhêtan saking sêrat

120

Tantupanggêlaran, mawi dipun wêwahi dongèng-dongèng Jawi ingkang kala samantên sampun mratah. Namung pamêndhêtipun cariyos saking sêrat Tantupanggêlaran wau sajakipun inggih mbotên mawi pangrêtos ingkang têrang; namung saking pamirêng kemawon. Tandhanipun kados ing ngandhap punika.

Wiwitanipun sêrat Manikmaya punika nyariyosakên dumadosing dunya kala sakawit; ungêlipun makatên:

Lumaksana sêkar sarkara'mrih, pininta maya maya'nggêng ulah, kang winarna pituture, duk masih awang-uwung, durung ana bumi lan langit, nanging Sang Hyang Wisesa, kang kocap rumuhun, mênêng samadyaning jagad, datan arsa mosik jroning tyas maladi, êning anêgês karsa.

Amurwèng anggana ngganya titis, titising driya tan ana kang lyan, pribadi datan asuwe, miyarsa'kên swara sru, tan katingal uninya kadi, gêntha sakala kagyat, sary'non antêlu, gumantung nèng ngawang-awang, gya cinandhak sinanggèng asta pinusthi, dadya tigang prakara.

Saprakara dadya bumi langit, saprakarane teja lan cahya, Manikmaya katigane, kalih prasamya sujud, ing padane sang mahamuni, Sang Hyang Wisesa mojar, dhatêng Sang Hyang Guru, èh Manik, wruhanireka, sira iku ananingsun ingsun iki, èstu kahananira.

Ingsun pracaya sakalir-kalir, saisine jagat pramudita, sira wênang ndadèkake, .... makatên salajêngipun.

Kados sampun cêtha bilih ungêl-ungêlan ing nginggil punika pêndhêtan saking sêrat Tantupanggêlaran. Namung sêrat Manikmaya mratelakakên, bilih Sang Manik punika dados Bathara Guru, Sang Maya dados Sêmar.

Dumadosipun Bagawan Kanekaputra (Narada) inggih kasêbut, wontên ing pupuh 1 pada 29-30. Ingkang prêlu kaaturakên ing ngriki, gandhèngipun kaliyan tuwuhing [tu...]

121

[...wuhing] sêrat-sêrat Jawi ingkang langkung ênèm, inggih punika anggènipun Bathara Kala tansah ngoyak-oyak Dèwi Sri, badhe kapundhut garwa. Cariyos punika lajêng sumêbar wontên ing sêrat-sêrat Jawi sanèsipun, kados ta: sêrat Panji Jayakusuma, Panji Angrèni bageyan angka tiga. Babad Tanah Jawi lan sanèsipun malih.

Cariyosipun Bathara Kala wontên ing Pangruwatan, ugi sampun kalêbêt; bab tanah Jawi gonjang-ganjing lajêng dipun êntêbi rêdi Jamurdipa, inggih wontên. Cêkakipun kathah sangêt bab-bab ing sêrat Manikmaya ingkang pêndhêtan saking sêrat Tantupanggêlaran. Ingkang nama wêwahan enggal, inggih punika cariyosipun Ajisaka; pêthikanipun kados ing nganyapngandhap punika. Pupuh 2 pada 9-10, ungêlipun makatên: Empu Brahmakêdhali sampun ayoga, wasta sang Anggajali, Anggajali putra, jalu wus pinaraban nama Êmpu Sangka Adi, umasuk Islam, nyabat jengira nabi. // Punika kang mêncarkên aksara Jawa .... salajêngipun.

Êmpu Sangka Adi ing ngriki punika ingkang dados Aji Saka ing sêrat-sêrat Jawi ingkang langkung nèm. Taksih kathah cariyos sanèsipun. Kêkathahên upami kapratelakna sadaya. Ing ngriki namung badhe kula pêthikakên malih ungêl-ungêlan sakêdhik, kados ing ngandhap punika (Pupuh 6 pada 34-35): .... Sang Prabu Mêndhangkamulan, èngêt dhatêng wirayat kondur tan aris, lawan sabalanira. // cèlèng kuthila samya bêriki, kang kacandhak gigire karowak, saya sangêt palayune, prasamya rêbut dhucung sampun têbih praptèng jro puri, sri bupati sineba, pêpak punggawa'gung, jaka puring anèng ngarsa ... salajêngipun.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika mbotên kenging mbotên tamtu pêndhêtan saking, utawi ingkang dados, ungêl-ungêlan sêkar kilayu nêdhêng ing ngandhap punika:

122

Nêmbang têngara, mundur sawadyane, nêdya kundur jroning puraya; cèlèng kuthila, samya ambarisi, kang katrajang gègèrira karowan. // sangsaya sangêt palayuning bala, dadya rêbut dhucung sampun atêbih, praptèng jro pura, sang nata sineba, pêpak punggawa lir kilayu nêdhêng.//

Ungêl-ungêlan kêkalih ing nginggil punika ingkang sêpuh ingkang pundi, punika angèl sangêt anggènipun nêtêpakên. Punapa kala rumiyin wontên sêrat Manikmaya sêkar agêng; punapa sêrat Tantupanggêlaran nate wontên ingkang mawi sêkar agêng; pitakenan punika sadaya ing samangke sampun botên utawi dèrèng sagêd mangsuli cêplos. Namung sareka-rekananeya sêrat Manikmaya dèrèng ngêwrat cariyos bab para nabi, kajawi ing pêthikan Aji Saka kasêbut ing nginggil.

Sêrat Manikmaya sampun kacithak wontên ing Verhandelingen Bat. Gen. babak 24 mawi aksara Jawi kala taun 1852. Prêtalanipun ing basa Walandi dening C. F. WINTER wontên ing TIJDSCHRIFT VAN NED. INDIË, taun ka-4, babak 1.

59. Sêrat Ambiya

Lêbêtipun cariyos Menak dhatêng tanah Jawi kala jaman Mataram utawi sadèrèngipun, punika udakawis sarêng kaliyan lêbêtipun cariyos Arab sanès-sanèsipun. Kados ta sêrat Ambiya.

Sêrat Ambiya punika ingkang dipun cariyosakên, nalika Gusti Allah wiwit nitahakên dunya. Ingkang dumados rumiyin: cahya lajêng kênthêl dados sêsotya, lajêng dados toya, lajêng unthuk; unthuk punika ingkang lajêng dados langit pitu, bumi pitu. Makatên salajêngipun, lajêng mratelakakên nalika Nabi Adam dipun damêl; dumadosipun Ibu Kawa; iblis anggodha, salajêngipun [sa...]

123

[...lajêngipun] Bapa Adam kaliyan Ibu Kawa tumurun dhatêng dunya, lajêng pêputra sabên sawêdalan dhampit. Sarêng putra-putra sampun sami diwasa, karsanipun Nabi Adam, ingkang awon angsal ingkang sae; ibu Kawa botên nayogyani; karsanipun ingkang awon angsala ingkang awon, ingkang sae angsal sae. Nabi Adam kaliyan Ibu Kawa darêdah anjalari miyosipun Nabi Sis tanpa ibu.

Saèstu putranipun Nabi Adam ingkang sae angsal ingkang awon; nanging wontên ingkang sae sami sae minggat dhatêng nagari Cina, lajêng sami nêmbah brahala.

Lajêngipun nyariyosakên lêlampahanipun sang Habil kaliyan sang Kabil rêbatan garwa ayu, ngantos kêlampahan sang Habil dipun pêjahi dening sang Kabil. Sang Kabil lajêng kenging durakaning Pangeran, kajêpit ing siti, têrus amblês lumêbêt ing naraka.

Nabi Adam dipun rencangi dening malaekat Jabarail, wiwit sinau nyambut damêl: pandhe, damêl prabot-prabot; dipun paringi wiji sawarnining wiji tatêdhan.

Nabi Sis ingkang botên kagungan gandhengan dipun paringi jodho widadari nama Dèwi Mulat. Sasedanipun Nabi Adam, Nabi Sis ingkang anggêntosi dados kalipatullah. Nabi Sis seda, dipun gêntosi Sang Anwas, - Pinat - Mutakalil - Majid - kabujuk dening Iblis andamêl rêca mas, dipun sêmbahyangi; - dipun gêntosi Samudabil, ajêjuluk Nabi Idris, bêkti ing Pangeran. Nabi Idris lumêbêt ing swarga lajêng mbotên karsa wangsul dhatêng dunya. Saicalipun Nabi Idris para putra wayah lajêng damêl rêcanipun lajêng dipun sêmbahyangi.

Putranipun Nabi Idris nama Saleha, dipun gêntosi Sang Sakir - Sang Malik (Masalik), jumênêng nabi nama Nabi Nuh, dipun sêngiti dening tiyang kapir. Jagad dipun kêlêm, Nabi Nuh sampun sadhiya baita. Iblis katut

124

wontên ing baita. Turunipun Nabi Nuh lajêng sumêbar dhatêng pundi-pundi.

Sasampunipun nyariyosakên nabi-nabi sanèsipun lajêng nyariyosakên Raja Namrud ing nagari Habil; miyosipun Nabi Ibrahim. Sarêng sampun diwasa, nêlukakên Raja Namrud sabalanipun. Nabi Ibrahim krama angsal Dèwi Sarah. Salajêngipun pêputra Nabi Ismangil, satêrusipun, dalah dumadosipun toya janjam.

Cêkakipun sêrat Ambiya punika namung mligi nyariyosakên lêlampahanipun para nabi. Sayid Anwar putranipun Nabi Sis ingkang dipun cariyosakên nurunakên para dewa, dèrèng wontên.

Sanadyan sêrat Ambiya ingkang wontên ing samangke punika kintên-kintên sadaya damêlan ing jaman Surakarta awal, nanging lêbêtipun cariyos wau dhatêng tanah Jawi tamtu sampun langkung rumiyin; dugi-dugi sadèrèngipun jaman Kartasura.

60. Sêrat Kandha

Nitik lêlewaning basa saha têtêmbungan, sêrat Kandha punika têrang manawi damêlan ing jaman Kartasura. Mênggah ingkang dipun cariyosakên, warni-warni sangêt. Awit, wontên ing sêrat Kandha wau, campuripun cariyos Jawi kaliyan cariyos Islam. Murih têrangipun, kula pêndhêtakên uruting cariyos sawatawis, namung sapêrlunipun kemawon.

Ingkang dipun angge wiwitan, sêrat Kandha punika dipun jujug nalika Nabi Adam sampun apêputra kathah. Karsanipun Nabi Adam putra ingkang sae kadhaupakên kaliyan putra ingkang awon; ibu Kawa karsanipun, ingkang sae angsala ingkang sae. Sang Kabil mbotên karsa nurut tatanan punika ngantos mêjahi ingkang raka Sang Habil: badhe garwanipun, sadrèrèk ingkang [ing...]

125

[...kang] sae warninipin,warninipun dipun alap dening Sang Kabil.

Sang Kabil lajêng dados muridipun sang Iblis, ingkang ngakên Gusti Allah saha jêjuluk Sang Manikmaya. Sang Kabil dipun kèn dhatêng tanah Bumi Kaca. Wontên ing ngriku Sang Kabil sampun kagungan putra kalih, ingkang satunggal putri, nama Sang Daliyah, ingkang satunggal kakung nama Sang Dabil. Sarêng putranipun sampun sami agêng, Sang Kabil kêpengin tuwi ingkang rama, Nabi Adam. Dumugi ing Mêkah, Sang Kabil anjujug dalêmipun Nabi Sis, nanging mbotên wontên ing dalêm. Ingkang wontên namung garwanipun ingkang sawêg wawrat sêpuh. Ingkang dipun jujug botên karsa nampèni, ajrih dhatêng sapatanipun Nabi Adam. Garwanipun Nabi Sis lajêng dipun cariyosi dening Sang Kabil, bilih lare ingkang samangke taksih dipun kandhut punika ing benjingipun dados mantunipun Sang Kabil.

Sang Kabil têrus nglajêngakên lampah, nanging lajêng kenging wêlaking Pangeran, kacêpit ing siti salajêngipun amblês dhatêng naraka.

Garwanipun Nabi Sis saèstu kagungan putra kakung. Badhe dipun paringi nama ingkang rama Nabi Sis botên karsa. Karsanipun milih nama piyambak, lajêng nama Sang Nurcahya. Nabi Sis duka, Sang Nurcahya lajêng dipun tundhung. Sang Nurcahya kesah sapurug-purug, kêpanggih sang Iblis ingkang sampun ngangge jêjuluk Sang Manikmaya. Supados agêng pangandêlipun Sang Nurcahya dhatêng Sang Manikmaya, Sang Nurcahya dipun jak minggah dhatêng langit pitu, Sang Nurcahya nyuwun dipun wêjang. Sang Nurcahya dipun têpak rainipun, kalêngêr; lajêng kabêdhèl dhadhanipun, jêroanipun dipun walik sarta dipun uyuhi dening Sang Manikmaya. Sanalika Sang Nurcahya kasupèn dhatêng kulawarganipun ing Mêkah. Sang Nurcahya lajêng dipun

126

kèn dhatêng Buni Kaca supados ngêmpal kaliyan putranipun Sang Kabil, lan krama angsal Sang Daliyah.

Nabi Adam kagungan putra nama Sang Kalkah, sampun seda, tilar putra putri satunggal, nama Sang Hapiyah; ibunipun inggih sampun seda. Sang Hapiyah, lola, andhèrèk ingkang eyang Nabi Adam.

Ing satunggaling dalu Sang Nurcahya dhatêng panggenanipun Sang Hapiyah, ambujuk. Sang Hampiyah kenging dipun bujuk lajêng tumut Sang Nurcahya dhatêng Buni Kaca.

Manikmaya dhatêng Buni Kaca mindha-mindha pandhita, cariyos dhatêng Sang Dabil, bilih ingkang rama Sang Kabil sampun seda, dipun pêjahi dening Nabi Sis. Sang Dabil kagèt, sarta sêrik panggalihipun dhatêng Nabi Sis.

Sang Nurcahya dhatêng wontên ing Bumi Kaca, saèstu krama angsal Sang Daliyah. Sang Hampiyah dados garwanipun Sang Dabil. Sang Nurcahya dipun jumênêngakên ratu, Sang Dabil dados patihipun. Sang Manikmaya dhawuh, manawi benjing Nabi Adam saha Nabi Sis sampun seda, Sang Nurcahya kadhawahan malês ukum nglurug dhatêng Mêkah, ngrisak agamanipun Nabi Adam, ngrata agamanipun piyambak.

Sang Nurcahya kagungan putra kakung, dipun paringi nama Sang Nurrasa. Garwanipun Sang Dabil inggih kagungan putra dhampit; putra ingkang putri kadhawuhan nêsêpi ibunipun Sang Nurrasa, salajêngipun yèn sampun agêng dadosa garwanipun Sang Nurrasa (sadhèrèk tunggil susu, punika pancènipun botên kenging dados bojo). Sarêng sampun agêng, Sang Nurrasa saèstu dhaup kaliyan sadhèrèkipun tunggil susu wau.

Putra dhampit ingkang jalêr, dipun paringi nama Sang Bilik sarta lajêng krama angsal Talsiyah, putranipun pangagêng, nama Sang Halmahil.

127

Wontên kabar bilih Nabi Adam sampun seda, Sang Dabil matur dhatêng Sang Nurcahya bilih sampun wancinipun nglurug dhatêng Mêkah. Sang Nurcahya badhe ngêntosi Sang Manikmaya rumiyin. Botên dangu Sang Manikmaya dhatêng, dhawuh dhatêng Sang Nurcahya supados Sang Nurrasa dipun jumênêngakên ratu. Sang Nurcahya dipun dhawuhi ambagawan. Sang Dabil dipun dhawuhi nglurug dhatêng Mêkah, Sang Nurcahya dipun paringi panggenan ing radirêdi Jamiliman, kratonipun Sang Manikmaya piyambak. Sintên ingkang dêdunung ing ngriku, kenginga sakit, botên kenging pêjah.

Sang Dabil kaliyan Sang Halmahil, besanipun, sami nglurug dhatêng Mêkah. Tiyang-tiyang Sêlam sami dipun bujuk supados malik dados kapir.

Ratu ing Mêkah, putranipun Nabi Sis, nama Sang Awas, dhawuh dhatêng putra nama Sang Rahil, supados ngundhangakên tata-tata badhe prang sabil kaliyan tiyang kapir. Sarêng sampun saèstu prang, tiyang kapir kawon; Sang Dabil saha Sang Halmahil sami kaprajaya wontên ing paprangan.

Sang Awas sèlèh kaprabon dhatêng putra, Sang Rahil; botên dangu Sang Awas seda.

Sang Nurrasa nampèni palapuran bilih prangipun kaliyan Mêkah kawon. Sang Nurrasa lajêng dhawuh sadhengah tiyang kadhawuhan samadi, ngaturi Sang Manikmaya (iblis). Sang Manikmaya dhatêng lajêng dhawuh, supados putranipun Sang Bilik ingkang sêpuh, nama Sang Hukud, kajumênêngakên ratu. Sang Nurrasa saha putra kalih, tuwin Sang Bilik, kadhawuhan tumut Sang Manikmaya dhatêng kadhatonipun. Dumugi kadhatonipun Sang Manikmaya, putranipun Sang Nurrasa ingkang satunggal kajumênêngakên ratu wontên ing ngriku, anggêntosi Sang Manikmaya, dados ratuning kayangan, ajêjuluk [ajê...]

128

[...juluk] Sang Hyang Wênang. Putra satunggalipun, rèhne warninipun awon, kadhawuhan dados rencangipun Sang Hyang Wênang, dipun paringi nama Sang Hyang Tunggal. Ing bab kadibyan sanès-sanèsipun, Sang Hyang Tunggal wau ngungkuli Sang Hyang Wênang.

Sang Bilik dipun jumênêngakên ratu wontên ing tanah Ajamingrat, dumunung sangandhaping rêdi, kadhatonipun Sang Hyang Wênang. Sang Bilik ngagêm jêjuluk Sang Tamhud. Wontên sadhèrèkipun Sang Tamhud ingkang kadadaosakên patihipun, nama Sang Kanekajam.

Sang Manikmaya (iblis) ngandika dhatêng Sang Hyang Wênang bilih wontên tiyang ingkang mêmpêng ngangge agamanipun Sang Manikmaya, kêdah kalêbêtakên ing swarga (kayangan).

Sang Hyang Wênang jumênêng ratu wontên ing rêdi Ajam. Wontên ing ngriku tiyang-tiyang gêsangipun campur kaliyan jim setan.

Sang Nurrasa ingkang andhèrèk Sang Manikmaya, kabêkta ngidêri jagat. Dumugi pasareyanipun Nabi Adam, pasareyan badhe dipun risak, supados agamanipun Nabi Adam sirnaa. Sang Manikmaya saha Sang Nurrasa kenging walat, kabuncang ing angin agêng, dhumawah ing nagarinipun piyambak. Sang Nurrasa kenging walatipun Nabi Adam, sariranipun dados cêmêng dalah sabalungipun.

Kocapa Sang Hyang Wênang sampun angsal putranipun Sang Bilik, ingkang nèm piyambak. Sang Hyang Tunggal botên karsa krama. Sang Hyang Wênang apêputra putri, nama Sang Nirati, warninipun awon; pêputra malih kaparingan nama Sang Sumba (utawi Sambu), tanganipun sakawan. Bab anggènipun putra mawi tangan sakawan punika dipun anggêp manawi Sang Hyang Wênang kuwalat dhatêng Sang Hyang Tunggal, sabab

129

nglangkahi krama saha kagungan putra rumiyin. Sang Hyang Wênang nêdha ngapuntên dhatêng Sang Hyang Tunggal, dipun sukani.

Garwanipun Sang Hyang Wênang apêputra malih; yèn cara sabrang namanipun Dèwi Siti, yèn cara Jawi nama Dèwi Sinta, putra putri ingkang mêdal sasampunipun Dèwi Sinta, dipun paringi nama yèn cara sabrang Dèwi Ladi, yèn cara Jawi Dèwi Landêp.§ Punika ancang-ancang badhe wontênipun dongèn[g]: PAWUKON.

Sang Manikmaya mirêng bilih dunya badhe dipun risak. Tiyang-tiyang ingkang mbotên manut dhatêng agamanipun Nabi Nuh, badhe dipun kêlêm. Sang Manikmaya murugi Sang Hyang Wênang saha Sang Hyang Tunggal, dhawuh bilih umatipun sadaya badhe dipun racut, kalêbêtakên ing badanipun, dalah kadhaton rêdi saisinipun. Sababipun dene Sang Manikmaya karsa badhe ngrisak dunya, jagat badhe dipun kêlêm. Mbenjing sasampunipun dunya rêsik, badhe dipun wangun malih. Sang Hyang Wênang mituruti.

Sang MaikmayaManikmaya lajêng murugi Sang Tambut wontên ing Ajamingrat. Sang Tambut kagungan putra putri nama Sang Uma. Putra ingkang kakung nama Sang Ratugêna; wontên putranipun malih nama Sang Bayu.

Patih Kanekaajan kagungan putra nama Sang Pangat, rayinipun nama Sang Gariti.

Nalika Sang Manikmaya kapanggih punika sadaya, lajêng dipun racut kalêbêtakên ing badanipun. Awit Sang Manikmaya (Iblis Ijajil) kala kalorod saking anggènipun dados malaekat, mawi nyuwun kasaktèn dhatêng Gusti Allah saha nyuwun lilah anggodha turunipun Nabi Adam; Gusti Allah marêngakên: "sing gêlêm".

Sarêng Sang Manikmaya sampun ngracut sabarang ingkang prêlu dhatêng salêbêting badanipun, lajêng murugi [mu...]

130

[...rugi] Nabi Nuh, ingkang sawêg nginggahakên kewan sajodho-sajodho dhatêng baitanipun. Ijajil ing nalika punika gondhelan buntuting kuldi; kuldi angèl sangêt anggènipun minggah dhatêng baita. Wasana sarêng Nabi Nuh sampun jèngkèl, lajêng ngandika: "setan munggaha", kuldi mancolot dhatêng baita, nanging setan (Manikmaya) ugi tumut.

Sarêng toya sampun asat malih, Sang Manikmaya lajêng wangsul dhatêng rêdi Ajaliman. Wontên ing ngriku tiyang-tiyang saha prabot-prabot ingkang karacut kalêbêtakên ing badanipun, dipun dalakên malih. Sang Hyang Wênang dipun dhawuhi sèlèh kaprabon dhatêng putra ingkang nama Samba (Sumba utawi Sambu), ingkang kaparingan nama Bathara Guru, mawi jêjuluk Sang Hyang Jagatkarana. Sang Hyang Wênang taksih lêstantun ngasta purba, wasesanipun kaparingakên dhatêng Bathara Guru. Salajêngipun Bathara Guru kadhawuhan ambêdhol rêdi kadhatonipun, kabêktaa dhatêng tanah Jawi. Sang Hyang Wênang lêstantun wontên ing Ajamiman.

Sang Pangat, ingkang dipun cariyosakên putranipun Sang Kanekajam punika mangke dados Bagawan Narada = Sang Kanekaputra. Dumugi samantên anggèn kula mêthik sêrat Kandha, kados sampun cêkap. Wosipun: Nabi Adam pêputra Nabi Sis. Nabi Sis pêputra Anwas, inggih punika Sang Enos ing Biybel ingkang dados Sayid Anwas ing cariyos Jawi.

Ing sêrat Kandha Sayid Anwar mbotên, utawi dèrèng wontên. Nabi Sis ujug-ujug apêputra Sang Nurcahya, ingkang lajêng nurunakên para dewa Jawi.

Sang Nurcahya apêputra Sang Nurrasa; apêputra Sang Hyang Wênang lan Sang Hyang Tunggal. Sang Hyang Tunggal mangkenipun dados Sêmar. Sang Hyang Wênang apêputra Sang Sambu, Sambu utawi Sumba ingkang [ing...]

131

[...kang] lajêng dados Bathara Guru, mawi asta sakawan, ajêjuluk Sang Hyang Jagatkarana. Dados Sang Hyang Tunggal (Sêmar) punika yèn miturut sêrat Kandha, wakipun Bathara Guru.

Sang Manik lan Sang Maya, punika bilih miturut sêrat Manikmaya mangkenipun dados Bathara Guru kaliyan Sêmar; Manikmaya yèn miturut sêrat Kandha, jêjulukipun Sang Iblis, Ijajil.

Samangke kula pitakèn: kadospundi anggènipun tiyang Jawi botên bingung manawi maos sêrat-sêrat wau sarana katandhing-tandhing. Kadospundi mantukipun dene cariyos Jawi dipun campur kaliyan cariyos Arab. Ingkang makatên punika saking anggènipun badhe andèkèk para dewa wontên sangandhaping pangagêng Islam, para Nabi.

Kados ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn, kêsuk dening Gusti Allahipun bangsa Indhu, inggih punika Bathara Siwah; Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn, nalika jaman Indhu-Jawi, dumugi jaman Majapait akir, kêsilêp babarpisan. Nanging sarêng daya Indhu sampun abêr, salajêngipun ical, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn, muncul malih kadèkèk sanginggilipun Gusti Alah Indhu, inggih punika Sang Hyang Taya, Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Tunggal, namaning "Priyantun" satunggal, dipun dèkèk, sanginggilipun Bathara Siwah = Bathara Guru. Sarêng sampun jaman Sêlam, Bathara Guru, minggahipun, dhatêng Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Tunggal, tur sampun dipun pisah, kadèkèkakên wontên sangandhapipun Nabi Adam. Inggih namung nyumanggakakên.

Lajêngipun sêrat Kandha punika ngambra-ambra sangêt; wosipun lajêng nyariyosakên turunipun Bathara Brama: Brama-sadara, Brama-anu, Brama-anu. Lajêng

132

nyariyosakên lêlampahan wayang ingkang sêpuh-sêpuhan. Kados ta Arjunasasra mawi Sugriwa-Subali; Jathasura-Maesasura. Lajêng sêrat Rama, pêndhêtan saking Hikayat Sri Rama. Sêrat Ramayana ingkang lajêng dados sêrat Rama Yasadipuran, punika dèrèng kocap babarpisan. Inggih cariyos Rama saking sêrat Kandha punika ingkang lajêng dados cariyos Rama ing Madura saha Ngayojakarta ingkang nyarirosakên yèn Dèwi Sinta punika putranipun Prabu Dasamuka; Sang Anoman putranipun Prabu Rama kaliyan Dèwi Sinta, sapanunggilanipun mawi Prêtalamaryam barang.

Lajêngipun sêrat Kandha punika nyariyosakên lampahan wayang limrah. Nanging jilid ingkang pancènipun ngêmot bab wau, ing Museum Jakarta mbotên wontên; sampun ical kala dèrèng dumugi ing museum. Ingkang makatên punika mbotên anèh. Awit jilid ingkang ngêmot lampakanlampahan wayang limrah punika dipun rêmêni ing tiyang sangêt; dados kêrêp dipun sambut lajêng kêtriwal, utawi kêrêp dipun waos lajêng risak botên dipun turun malih.

Sambêtipun sêrat Kandha ingkang samangke taksih wontên, punika bibar Bratayuda, têrus ngantos dumugi Jakatingkir. Wondene bageyan punika, cariyos punapa kemawon ingkang mbotên kalêbêt. Jib-raos sadaya dongèng-dongèng ingkang kala samantên sampun wontên, kalêbêt sadaya.

Ing sêrat Kandha punika bab satunggal-satunggaling kêdadosan sampun dipun dèkèki sêngkalan = angka taun, nanging dèrèng rangkêp. Inggih namung sêngkalan lugu kemawon. Sêngkalan punika mangke yèn wontên ing sêrat Pustakaraja dados rangkêp; candra sêngkala kaliyan surya sêngkala. Bab punika mêngke badhe dipun aturakên malih.