Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 7. Jaman Surakarta awal

Katalog:Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172
Sambung:
1.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1633.
2.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 1. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1634.
3.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 2. Sêrat Jawi kina ingkang mawi sêkar. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1635.
4.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 3. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1636.
5.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 4. Thukulipun basa Jawi têngahan. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1637.
6.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 5. Kidung basa Jawi têngahan . Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1638.
7.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 6. Jaman Islam. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1639.
8.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 7. Jaman Surakarta awal. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1640.

133

VII. JAMAN SURAKARTA AWAL

Nalika jaman Surakarta awal punika ing bab kapustakan kenging kabage dados kalih perangan. Ingkang perangan satunggal kenging dipun wastani pêmbangun, ingkang perangan kalih kenging winastan: andamêl sêrat enggal.

Ingkang kawastanan pêmbangun punika: sêrat-sêrat kina dipun jarwakakên mawi sêkar macapat. Contonipun sêrat Wiwaha Jarwa. Sêrat punika purwakanipun sêkar Asmarandana, ungêlipun makatên:

Ri sêdhêng amurwa tulis, Dite panca likur wulan, Jumadilawal ing Êbe, tasik sonya giri juga (= 1704 taun Jawi = 1778 taun Masehi), sangkala duk kinarya, kakawin tenêmbangtinêmbang kidung, ingaran asmaradana.

Miturut gotèk, ingkang anjarwakakên punika ingkang Sinuwun P.B. III. Mirid angkaning taun, cocog; awit Sinuwun P.B. III punika jumênêng wontên ing taun 1749 seda ing taun 1788 taun Masehi.

Manawi dipun tandhing kaliyan babonipun ingkang basa Kawi, sêrat Wiwaha Jarwa punika inggih namung lowung, dene tiyang Jawi jaman samangke sagêd sumêrêp grêban isinipun sêrat Arjuna Wiwaha Kawi. Nanging [Na...]

134

[...nging] manawi dipun titisakên, kêtingal cêtha bilih ingkang anjarwakakên punika sagêdipun dhatêng basa Kawi namung capêt-capêt sangêt. Kathah panggenan ing Kawinipun ingkang wontên ing jarwa namung dipun dugi-dugi, têrkadhang dipun piyagah kemawon. Ingkang makatên punika sampun tamtunipun, awit nalika jaman samantên prabot-prabot ingkang kangge ngudi saha ngudhali basa Kawi, babarpisan dèrèng wontên. Amila kadospundi-kadospundiya, sagêd samantên punika sampun pintên-pintên.

Ingkang murugakên kirang rêmênipun tiyang maos sêrat Wiwaha P.B. III punika, anggèning têmbungipun wongsal-wangsul; upami tiyang andodomi makatên caruk-wali.

Sêrat Wiwaha utawi Mintaraga ingkang kasêbut ing nginggil punika sampun kacithakakên dening J. F. C. GERICKE wontên ing VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak 20, taun 1844, mawi aksara Jawi saha prêtalan ing basa Walandi sawatawis dipun cêkak.

61. Kyahi Yasadipura I lan II

Ingkang sayêktos kêdah dipun anggêp ambangun kapustakan Jawi kala jaman Surakarta awal, punika priyagung kakalih, inggih punika KYAI YASADIPURA I lan II, rama kaliyan putra; Yasadipura II, lajêngipun nama Radèn Tumênggung Sastranagara.

Sarèhne priyagung kêkalih wau anggènipun sêsarêngan nyambut damêl dangu sangêt, dados anggènipun misahakên: iki gaweyane Kyai Yasadipura I; iki Yasadipura II, punika tumrap kula angèl sangêt.

Upami katitika saking lêlewaning basa saha kêkidungan, lêting wanci mèh mbotên wontên, bedaning lagu inggih sakêdhik sangêt, lah tiyang rama kaliyan putra.

135

Amila pangrêmbag kula bab yasan Yasadipuran, kula caruk kemawon. Mangke manawi pinuju ngrêmbag sêrat ingkang cêtha yasanipun ingkang sêpuh utawi yasanipun ingkang ênèm, badhe dipun pratelakakên.

Kyai Yasadipura ugi anjarwakakên sêrat Arjurawiwaha. Sêrat punika purwakanipun sêkar dhandhanggula: Pratisthaning budi amartani, anèng tyasing pandhita kang limpad, mring kawruh kasunyatane, mungkur mring pakarti dur, ... salajêngipun.

Sêrat punika basanipun langkung sakeca katimbang sêrat yasan dalêm ingkang Sinuwun P.B. III. Ewa samantên bilih katandhing kaliyan ingkang basa Kawi inggih kêtingal anggènipun gagap-gagap, andugi-prayogi. Namung manawi dipun priksani mbotên mawi katandhing, inggih sampun nama sae.

Sêrat punika sampun kacithakakên mawi aksara Jawi dening DR W. PALMER VAN DEN BROEK kala 1868 taun Masehi wontên ing Pangêcapan Gupremen ing Bêtawi.

Ugi mèh nunggil wanci sêrat Ramayana ingkang sampun kaaturakên ing wiwitaning pangrêmbag, inggih dipun jarwakakên dening Kyahi Yasadipura. Sanadyan anggènipun anjarwakakên wau, inggih kêrêp namung gagap-gagap kemawon, nanging sêrat Rama Jarwa punika kenging dipun wastani sae-saening sêrat Jawi jaman samangke. Anggènipun sakeca punika awit, pundi-pundi panggenan ing babon ingkang kyahi mbotên mangêrtos, lajêng dipun tilar dipun santuni saprayoginipun ingkang botên ambibrahakên aluraning cariyos. Kados ta bab rêrênggan sapanunggilanipun.

Nanging ing panggenan ingkang pêrlu, ingkang botên kenging dipun tilar, mangka Kyahinipun mbotên patos mangrêtos, punika inggih lajêng kêtingal cêtha bilih gagap-gagap, lajêng kêrêp dipun grêba, têmahan kêlintu

136

panyuraosipun. Ingkang makatên punika, sampun kaaturakên ing nginggil, nalar ingkang samêsthinipun. Awit kyahinipun botên kagungan prabot sanèsipun kangge nyinau basa Kawi, kajawi landhêping pangrêtosipun. Lah inggih sapintêna landhêping pangrêtos, bilih botên wontên prabot sanèsipun, tumraping pangudi basa, tamtu cupêt. Ewasamantên, kyahinipun anggènipun baud ngikêt ukara kidung ingkang tumrap sêrat damêlanipun ingkang sanès-sanès, punika namung saking anggènipun kêrêp maos sêrat-sêrat basa Kawi, ingkang kala samantên sampun utawi taksih wontên.

Sêrat Rama Yasadipuran punika sampun kêrêp dipun cithakakên. Kados ta wontên ing VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak 21 b. mawi aksara Jawi. Ingkang wêdalan Van Dorp inggih aksara Jawi. Namung ingkang wêdalan Bale Pustaka, mawi aksara latin.

Wiwitanipun sêrat Rama Jarwa, nyariyosakên sanakipun Dasamuka, dalah tapa saha kadhatonipun. Punika Ramayana Kawi botên wontên. Awit pupuh 1 pada 1 dumugi pada 13 punika pêndhêtan saking sêrat Arjunawijaya (Sasrabau). Wiwitanipun cariyos Ramayana, wontên ing pada 13: kunêng wontên winurcita, ratu luwih praja'di kang madêg aji, sang prabu Dasarata.

Sajakipun nalika sêrat Rama Yasadipuran badhe dipun cithakakên dening C. F. WINTER, punika mawi dipun sêsêli dening tiyang sanès. Kados ta: Pupuh 13 pada 2: gandrung-gandrung amangunkung ... dumugi ... Dhuh yayi mring pundi masku, pada 7, dados 5 pada punika sêsêlan. Makatên ugi pada 11 dumugi 14. Malih pupuh 14 pada 2: jalalatan mulat nganan ngering ... dumugi ... mangsah gandrung-gandrung pada 10, dados 9 pada, punika inggih sêsêlan enggal. Pupuh 14 pada 12-14 têngah, inggih sêsêlan. Pupuh 18: gandrung-gandrung kapirangu,

137

enz. panggenan ingkang dipun rêmêni sangêt dening tiyang Jawi, saha pupuh 19a: Tuhu tan kêna winarni ... enz. punika sabageyan agêng ugi sêsêlan. Kêkathahên upami kapratelakna sadaya panggenaning sêsêlan wau.

Anggènipun sagêd nitik bilih panggenan wau kintên-kintên sêsêlan enggal, punika awit ing sêrat Rama ingkang langkung sêpuh, ingkang dipun akênakên yasanipun Kangjêng Pangeran Singasari (sêrat Brandes-Rama No 605) panggenan wau botên wontên. Makatên ugi ing sêrat Rama Jarwa sêkar agêng (Ms. B. G. No 589) inggih botên wontên. Rama Jarwa sêkar agêng punika Rama macapat kadadosakên sêkar agêng.

62. Sêrat Bratayuda

Sêrat punika ugi yasanipun Kyahi Yasadipura, saking anggènipun anjarwakakên sêrat BraratayudhaBharatayuddha ingkang sampun kaaturakên ing nginggil. Mênggah caranipun anggènipun anjarwakakên, inggih botên bèntên kaliyan kala anjarwakakên sêrat Ramayana. Inggih kêrêp namung dipun gagapi, mawi dêdugi lan prayogi. Namung sarèhne sêrat Baratayudha punika langkung ênèm katimbang sêrat Ramayana, dados basanipun inggih radi langkung gampil katimbang basanipun sêrat Ramayana. Awit saking makatên, Kyahinipun anggènipun anggagapi dados mbotên patos grayung-grayung sangêt. Amila sêrat Bratayuda punika langkung cêlak dhatêng babonipun, katimbang sêrat Rama dhatêng sêrat Ramayana.

Kangge conto bilih anggènipun anggagapi wau sok lêpat, kaaturakên kados ing ngandhap punika. Ing Kawi pupuh 10 pada 6 mungèl: Kunang tawuri sang nrêpèng Kuru yakari lud brahmana, rikan sira sinapa sang dwiya sagotra matya'laga.

138

Têgêsipun: dene tawure Sang Duryodana, brahmana, (ênggone matèni) kèri, nusul (tawure para Pandhawa). Kang iku Sang Duryodana mbanjur disapatani (dening sang brahmana mau), bakal mati ing prang sakulawargane.

Ing Jarwa pupuh 12 pada 5 mungêl: ... prabu ing Ngastina, tawurira pandhita sagotra'nak putunèki, apan kinarya, tawur Ngastina nênggih.

Anggènipun sêling-sêrap bab Sagotra, punika pancèn sampun lami. Wontên ing lampahan Bale Si Gala-gala, Sagotra punika namaning bambang, ingkang mêntas rabi, nanging bojonipun botên purun atut. Wasana jalaran saking Radèn Arjuna, ingkang èstri lajêng purun atut; punika Sang Sagotra prasêtya dhatêng para Pandhawa, mbenjing prang Bratayuda sagah dados tawuring Pandhawa.

Makatên ugi nalika pêjahipun Radèn Jayadrata, sirahipun kabuncang dening jêmparing, dipun cariyosakên ing Kawi pupuh 16 pada 7: têka mara ye kisapwani bapanya, dipun pêdhot yèki sapwani bapanya. Wontên ing Jarwa sapwani lajêng dados namanipun ingkang rama Radèn Jayadrata; Bagawan Sapwani, ing wayang Sêmpani.

Malih, nalika Radèn Gathutkaca pamitan badhe mapagakên Adipati Karna, ing Kawi pupuh 18 pada 2 mungêl: kunêng apan èwêh angrahatane gati karya têmên. Si tutu tatanpa nanggaha mênè'ki gêgon sakarêng.

Têgêsipun: pancèn èwêd sangêt tiyang badhe andamêl bèrèsing pandamêlan ingkang wigatos punika. (Nanging) pun anut-miturut mbotên mawi gagasan barang-barang, punika ingkang kula gondhèli ing wêkdal punika.

Ing ngriki têmbung si tutu tatanpa = pun anut miturut mbotên mawi ... dados si tutuka, sabab yèn aksara

139

kina, ta punika kaliyan ka kêrêp cawuh, tutuka lajêng dados namanipun Radèn Gathutkaca: Radèn Tutuka malah Tutruka.

Malih nalika Prabu Salya sampun seda ing paprangan, Dèwi Satyawati angsal palapuranipun punggawa, ungêlipun ing Kawi pupuh 44 pada 1 makatên: Wwantên bhrêtya kapartyaya'tuha ya ta'yar i sira.

Têgêsipun: wontên wadya pinitados, sêpuh, punika ingkang matur dhatêng (Dèwi Satyawati, bilih Prabu Salya sampun seda). Têmbung tuha ya ta ing ngriki lajêng dados samanipun patih ing Mandaraka, Tuhayata. Malah wontên wayangipun, rainipun ijêm, gajêgipun.

Makatên ugi Pancawala, punika pancènipun putranipun para Pandhawa saking Dèwi Drupadi, cacah 5, botên mawi dipun wastani namanipun. Nanging wontên ing wayang dados wayang satunggal.

Taksih tunggilipun. Sanga-sanga, putranipun Sang Satyaki, punika pancènipun inggih botên kasêbut namanipun; namung putranipun Sang Satyaki punika cacah 9; lêrêsipun pamaos: sang asanga.

Wontên malih. Sang Nirbita punika dede nama; punika têmbung ingkang atêgês tampa wêdi, katumrapakên dhatêng Ratu Wiratha piyambak. Nanging wontên ing wayang Sang Nirbita dipun anggêp wayahipun Ratu Wiratha.

Ingkang makatên punika ing sêrat Bratayuda wontên sawatawis kathah. Nanging yèn katandhing kaliyan grênging cariyos, bab punika kenging dipun wastani sêpele sangêt. Awit Kyahi Yasadipura anggènipun anjarwakakên sêrat Bharatayuddha dados sêrat Bratayuda, punika miraos sangêt. Yèn sampun kasuda bab sakêdhik ing nginggil punika, tiyang Jawi wajib matur nuwun

140

dhatêng Kyahi Yasadipura, dene saking sêrat Bratayuda wau sagêd sumêrêp suraosipun sêrat Bharatayuddha, sanadyan sawatawis grêban.

Sêrat Bratayuda sampun kêrêp kacithakakên. Ingkang sakawit dening DR A. B. COHEN STUART mawi aksara Jawi kala tuantaun 1856. Lajêng wontên ing VERH. BAT. GEN. Deel 28 (1860); prêtalanipun ing basa Walandi wontên ing deel 27.

Cithakan sanèsipun, dening RADÈN DIRDJAATMADJA, Sala, taun 1901, 1903, 1908, tigang jilid mawi aksara Jawi; ingkang jilid 3 ngêmot cariyos Kalimataya (murudipun para Pandhawa), asli saking RANGGAWARSITAN, kasêkarakên dening RADÈN MARTADARSANA.

63. Sêrat Panitisastra

Sêrat punika ing sajatosipun sêrat Nitisastra ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, dipun damêl ing basa jarwa. Anggèn kula ngaturakên sêrat punika, kula pêndhêtakên pratelanipun DR D. L. MOUNIER, kadamêl kala 1843 taun Masehi (wontên ing Surakarta, jaman Ingkang Sinuhun P.B. VII) dados taksih cêlak kaliyan jaman Yasadipuran. Pratelanipun DR MOUNIER kirang langkung makatên:

Layang Panitisastra iki dhèk taun 1725, taun Masehi 1798 sangka basa Kawi didadèkake basa Kawi miring. Banjur dhèk taun 1735, taun Masehi 1808, disusuli sing Kawi Jarwa. Barêng taun 1746, taun Masehi 1819, digawe ing basa gancar dening Radèn Panji Puspawilaga, nanging ora pati titi.

Sing Kawi miring iku gaweyane KYAHI YASADIPURA I, sing jarwa gaweyane RADÈN TUMÊNGGUNG SASTRANAGARA (= YASADIPURA II). Layang loro mau surasane mèh padha wae.

141

Mirid pratelan ing nginggil punika cêtha sangêt manawi Kyahi Yasadipura I lan II ugi anjarwakakên sêrat Nitisastra. Namung pilahipun ingkang cêplos kadospundi, punika ing samangke dèrèng dipun titisakên.

Sêrat Panitisastra ingkang dipun prêtal dening DR MOUNIER, punika ngêmot pupuh:

1. Dhandhanggula 10 pada, 2. Sinom 16 pada, 3. Gambuh 13 pada, 4. Pocung 19 pada, 5. Dhandhanggula 14 pada, 6. Kinanthi 20 pada, 7. Asmaradana 18 pada, 8. Sinom 15 pada, 9. (Juru) dêmung 9 pada, 10. Dhandhanggula 19 pada.

Sêrat PanisastraPanitisastra ingkang kasêbut ing nginggil punika sadaya ing samangke taksih wontên ing Leiden. Ing tanah Jawi kintên kula sampun awis-awis.§ Enggal mangke Museum Jakarta mêntas tumbas sêrat NITISASTRA ingkang ngêmot pintên-pintên pupuh, ambokmanawi punika tunggilipun Nitisastra ingkang dipun pratelakakên dening DR MOUNIER.

Wontên malih sêrat PanitisasastraPanitisastra ingkang têmbung dhandhanggula thok, cacah 97 pada, purwakanipun makatên: makirtya ring agnya narpasiwi, nular pralampitaning sang wusman, ing Surakarta wêdhare, nêm catur gora ratu, ri sangkala wit ning winarti, Nitisastra ingaran, winarna ing kidung, Kawi kadanging sajarwa, lumaksana sasananing kang janma'di yan iku kadriyana.

Purwaka punika mèmpêr wiwitan prêtalanipun DR MOUNIER; ungêlipun makatên: "Om den last van den Vorsten-zoon te volbrengen, breng ik de voortreffelijke

142

gelijkenissen over, te Surakarta uitkomende, in 1736 (Toto tri gooro ratu) (A.D. 1808) in welk jaar zij voor het eerst verkondigd werden. Nitisastra worden zij genoemd, uitgedrukt in kidhung of dichtmaat, en alsware eene broer van de Djarwa of verklaring".

Angka taun ing sêrat Panitisastra dhandhanggula thok, punika nêm catur gora ratu = 1746. Ingkang dipun prêtal DR MOUNIER: Tata tri gora ratu = 1735; dados kaot 11 taun. Panitisastra Mounier ngêmot 10 pupuh gunggung 143 pada.

Nitik ing kawontênan, sagêd ugi Panitisastra Mounier wau kala taun 1746 dipun dadosakên dhandhanggula thok, kapiridakên sêrat Nitisruti, ingkang ugi namung ngêmot sêkar dhandhanggula thok.

Sêrat Panitisastra sanèsipun ngêmot sêkar dhandhanggula 61 pada sinom 34 pada, gunggung 95 pada. Sêrat punika purwakanipun makatên: mêmanising panêmbah pamuji, kang minangka pandoning wardaya, mring kang karya ngalam kabèh, baka kodrat puniku, ingkang sipat rahman lan rahim, kang murba amisesa, jagat isinipun, ping kalih marang utusan, Kangjêng Nabi Muhammad ingkang sinêlir, mayang kulawarganira.

Purwaka ing nginggil cakêt punika, Patekah dipun jawèkakên. Punika kajawi nglêluri adatipun purwaka sêrat Jawi Sêlam, ugi kangge nyantuni panêmbah dhatêng Bathara Wisnu ing purwakaning Kawinipun.

Mênggah anggènipun anjarwakakên Kawinipun, punika inggih namung gagap-gagap kemawon. Ambosêni bilih pijêr kula aturna kemawon.

Manawi kula mbotên kalintu, sêrat Nitisastra Jarwa punika sampun nate dipun cithakakên; kala kula taksih lare nate maos. Nanging samangke mbotên mranggul-mrangguli malih.

143

64. Sêrat Arjunasasra utawi Lokapala

Sêrat punika ugi yasanipun Kyahi Yasadipura II, mêndhêt saking sêrat Arjunawijaya (No 30). Purwakanipun mungêl: Purwaning rèh pandoning mêmanis, makirtya ring agnya prabwatmaja, ri Surakarta mandirèng, Jawi sahananipun, ping patbêlas Rêspati Manis, Jumadilawal astha, gathitanya nuju, Jimakir sèwu kalawan, pitung atus catur sat (1746) mangka palupi, prabu Sahasraboja.

Sang prabwa tamaja, inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (= P.B. V), ing ngriki kocap malih.

Sêrat Arjunasasra punika botên mawi sajarah, tur cariyosipun Sugriwa Subali inggih mbotên wontên awit ing babonipun inggih pancèn mbotên wontên. Namung ing ngriki Rêsi Wisrawa sampun dipun damêl anglampahi tindak awon; dipun kèngkèn ingkang putra Prabu Danaraja, madosakên garwa, wasana badhe mantu lajêng dipun pundhut garwa piyambak. Ingkang makatên punika ing Kawinipun botên wontên babarpisan. Nanging kadospundi jalaranipun dene Sang Rêsi Wisrawa kadamêl anglampahi kirang sae wau, punika dèrèng dipun taliti.

65. Sêrat Darmasunya

Sêrat punika ugi yasanipun Kyahi Yasadipura II. Dene babonipun, inggih sêrat Dharmasunya No 35 ingkang sampun kaaturakên ing nginggil. Sampun kapratelakakên bilih sêrat Dharmaçunya punika basanipun sampun sawatawis risak, dados suraosipun inggih kathah ingkang pêtêng.

Sêrat ingkang kados makatên wau kadadosakên basa jarwa mawi sêkar macapat, dening kyahinipun, ingkang sagêdipun dhatêng basa Kawi namung sawatawis

144

kemawon. Amila pêtênging suraosipun Darmasunya macapat wau tumrap kula, sampun mbotên sagêd matur. Tujunipun ingkang dipun rêmbag punika bab mystiek. Dados pêtênging suraos punika mêwahi èdinipun. Amila kados sampun adatipun; bangsa ingkang ahli klênik punika yèn wontên sêrat klênik, ingkang pêtêng suraosipun, malah saya sangêt anggènipun mastani èdi, murni. Tumrapipun tiyang ingkang botên ahli klênik, tur rêmên dhatêng nyata-nyatanan, cêtha-cêthanan, yèn maos sêrat ingkang kados makatên punika, manahipun sêmpêlah.

Ing pungkasaning sêrat Darmasunya wau wontên ungêl-ungêlan, ingkang mratelakakên cêtha bilih sêrat punika yasanipun Kyahi Yasadipura II, ungêl-ungêlanipun makatên:

Têlas ulun akarya palupi, angetung basa winor kalawan, ing kawi kauwusane, wusnya anulat ingsun. Darmasunya binasan kawi, kawilêtaning raja, agama lunihung,linuhung ri mangkya ta ingkang karsa, narpaputra kinarsakakên asalin, binasan jarwa Jawa.

Duk kawine pu Yogèsurèki, kang amarna pandhita sudibya, wicaksana trus tingale, ing mangkya kang amangsul, basa kawi dhatêng ing Jawi, Yasadipura ping rwa, dahat mudha punggung, mêhêng lumakwèng sapakwan, jêng sang hulun sang maha narpatisiwi, dibya ing Surakarta.

Kauwusan ngwang amanulat sri, wuryan tama rasaning kamuksan, ri Salasa petunging lèk, kaping sanga anuju, wulan Siyam Êje kang warsi, sangkala naya marta, maharsi manêngkung, ngwang tèki amrih aksama, sanggyaningkang sudy'arsa kanang muryani, waryaning arjaning rat.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika wontên sêngkalanipun: naya mêrta maharsi manêngkung = 1742 taun

145

Jawi. Bilih katandhing kaliyan sêngkalan sêrat Panitisastra, dados sêrat Darmasunya punika pinanggih baraken.barakan.

Makatên ugi narpaputra saha maha narpatisiwi ing Darmasunya, punika inggih sang narpasiwi utawi Vorstenzoon ingkang kasêbut wontên ing sêrat Panitisastra. Inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ingkang lajêngipun jumênêng Sinuhun P.B. V.

Sêrat DarmusunyaDarmasunya sampun kacithakakên dening pakêmpalan Widyapustaka (Theosophie) mawi aksara Jawi kala taun 1921 wontên ing Bêtawi. Anggènipun nyithak kathah lêpatipun. Kados ta saking pêthikan ing nginggil punika.

narma putra lêrêsipun narpaputra, yogisurèki lêrêsipun yogiswarèki, yasadidura lêrêsipun Yasadipura, mêtêng lêrêsipun mênêng, sapakun lêrêsipun sapakwan

Sêrat Darmasunya dipun cariyosakên damêlanipun Êmpu Yogiswara, punika inggih omong-kosong kemawon.

66. Sêrat Dewaruci Jarwa

KYAHI YASADIPURA inggih anjarwakakên sêrat Dewaruci, sakawit namung cêkak sangêt, dipun icali ngèlmonipun, wontên ing sêrat Pasindhèn Badhaya, ing karaton dalêm Surakarta, ungêlipun makatên: Sindhèn badhaya êla-êla:

// o //-- o --// o // Êla-êla pamêngkuning rèh sapraja. / ri sangkala pawaka ro wiku raja = 1723 A.J. / ri Sang Bima kalanira puruhita. / mring Sang Druna minta sampurnèng dumadya. /

146

Duryudana ginubêl mring pra arinya, / rêmpêg ture sakèhing sata Korawa. / amintaa pitulung Sang Dwijawara. /

// o // lajêng minggah // o // pinituwa sadaya pêpêk ing ngarsa. / Druna Prabu Mandraka'dipatyèng Wangga, / Dhanyang Druna saguh mring Sang Kurunata. / anirnakna marang sira Arya Bima / aja lawan aprang sirna saking cidra. / tan antara praptanira Arya Sena. / dyan jumujug mêndhêg nêmbah mring sang dibya. /

// o // mêndhêk nêmbah mungêl gêndhing Gambirsawit. / mawur ing tyas Maha Prabu Duryudana //

Pêthikan ing nginggil punika mawi sêngkalan pawaka ro wiku raja = 1723 taun Jawi. Dados namung kaot 2 taun kaliyan kala Kyahi Yasadipura I andamêl sêrat Panitisastra KAWI-MIRING.

Sêrat Dewaruci wontên ingkang mawi SÊKAR AGÊNG. Inggih punika ingkang apurwaka: Nihan karananiran doning ulun rumancanèng sotanirang kata diwya, ri lagu magêng, mamrih mardawa pragnya rikang manah, lalu saniskara, juwêt silarjèng tuwuh anane ri kaanan jati, sujana nindita, paramartèng rat, witaning tumuwuh, winahya têkang sasmita winardya.//

Sêrat punika pungkasanipun wontên sangkalanipun: malêtiking dahana goraning rat = 1730 taun Jawi.

Mirid pangudi ingkang sawêg kemawon katindakakên, kenging dipun têmtokakên bilih sêrat Dewaruci sêkar

147

agêng ing nginggil punika walikan saking ingkang sêkar macapat. Dados sêkar macapat rumiyin lajêng kadadosakên sêkar agêng, kados sêrat Rama B. G. No 589 kasêbut ing nginggil.

Taksih wontên malih sêrat Dewaruci sêkar agêng, purwakanipun mungêl makatên: Nihan doning ulun seka-ri agnyaning sang narpatmajèng Jawi, ri kanang mandhirèng prajèng Surakarta mangung rèh Bimasuci, mamrih mardawèng tyas ...

Ing pêthikan punika sang NARPATMAJÈNG JAWI, inggih kasêbut kados ing sêrat Panitisastra. Dados kenging dipun tamtokakên bilih sêrat Dewaruci ingkang kantun punika damêlanipun Kyahi Yasadipura II saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti (P. B. V).

Sêrat Dewaruci ingkang sêkar macapat, sampun nama kêrêp dipun cithakakên mawi aksara Jawi. Ingkang sapisan wontên ing pangêcapan Van Dorp taun 1870, lajêng taun 1873 lan taun 1880. Ingkang ngêdalakên Mas Ngabèhi Kramaprawira, kados-kadosa damêlanipun piyambak, botên mawi pratelan bilih punika damêlan Yasadipuran.

Kala taun 1922 sêrat Dewaruci dipun cithakakên malih dening Mas Ngabèhi Mangunwijaya. Mawi dipun sukani bêbuka, nyariyosakên bilih sêrat Dewaruci punika ing ngajêng mawi têmbung Kawi sêkar agêng, anggitanipun Êmpu Widayaka ing nagari Mamênang inggih punika ing Kêdhiri. Empu Widayaka wau inggih Ajisaka ... salajêngipun.

Botên prêlu kula aturakên malih bilih pratelan ing nginggil cakêt punika 100% omong-kosong.

Sêrat Dewaruci Yasadipuran, punika wiwitipun Radèn Wrêkudara pamitan dhatêng Dhanghyang Drona badhe pados toya marta. Mbokmanawi kyahinipun taksih angsal [ang...]

148

[...sal] babon ingkang mawi lampahan sawatawis punika.

Sêrat Dewaruci ingkang sêpuh, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, punika cariyosipun, kajujug Radèn Wrêkudara mangkat dhatêng sagantên. Dados kintên-kintên, lêlampahan sangajêngipun, wontên ing sêrat kina wau sampun ical.

Sadaya sêrat-sêrat Jawi, ingkang bangunan saking sêrat Kawi punika tumrapipun tiyang ingkang mangrêtos dhatêng kawinipun, kenging dipun wastani sakêdhik sangêt ajinipun. Nanging bilih tumrap ingkang botên sagêd, saya malih tumrap tuwuhing kapustakan Jawi, sêrat-sêrat wau agêng sangêt ajinipun. Awit tamtunipun ing wingking inggih botên sapintêna tiyang Jawi ingkang purun marsudi supados sagêd dhatêng basa Kawi, ngantos sagêd nilar sêrat-sêrat ingkang bangunan saking sêrat basa Kawi.

67. Sêrat Menak

Taksih tunggilipun pambangun, nanging mêndhêt saking tuk sanès, punika damêlanipun KYAHI YASADIPURA: sêrat Menak. Sêrat Menak Yasadipuran punika inggih sêrat Menak Kartasura, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, nanging basanipun saha kêkidunganipun dipun wangun malih dening Kyahi Yasadipura, dados sêrat ingkang miraos sangêt. Nanging tumrapipun ing jaman samangke, jaman ingkang kêdah enggal-enggal, jaman "tempo itu uwang", tiyang maos sêrat Menak sampun kathah ingkang botên gurnan. Saya malih sadhèrèk nem-neman. Kajawi botên gurnan saking anggènipun kêpanjangên, mawi kirang utawi sampun mbotên wanuh kaliyan basa Jawi, basanipun piyambak.

Sêrat Menak sampun dipun cithakakên dening Radèn Ngabèhi Jayasubrata, karan en-co sun. Sadaya wontên

149

7 jilid, wêdalan ing pangêcapan Van Dorp, Sêmarang.

Enggal mangke sêrat Menak sampun kacithak malih dening Balai Pustaka, kaperang jilidan alit-alit, sajilid rêgi R 1,50. Sadaya wontên 46 jilid kawêwahan register.

Menak wêdalan Balai Pustaka punika anggènipun andamêl gêla, dene sadaya panggenan, ingkang sawatawis cêtha sajak propagandha Islam, dipun icali.

Wontên malih cithakan ingkang langkung lami, nanging botên komplit. Inggih punika ingkang dipun wêdalakên dening C. F. WINTER, Batavia 1854.

68. Sêrat Ambia Yasadipuran

Kyahi Yasadipura ugi ambangun sêrat Ambiya ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Sêrat punika (Ms. B. G. no 10) mawi sêngkalan: janma tri goraning aji = 1731 taun Jawi.

69. Sêrat Tajusalatin

Sêrat punika babonipun sêrat basa Malayu nama: MAHKOTA SEGALA RAJA-RAJA. Ingkang andamêl ing basa Jawi, mawi sêkar macapat, inggih KYAHI YASADIPURA, mawi angka taun Hijrah 1139, taun Jawi 1726 (Ms. Bat. Gen. No 582).

Sêrat Tajusalatin sampun kêrêp sangêt dipun cithakakên: Sêmarang 1873, 1875, Surakarta 1905; Surakarta Rusche 1922.

Sadaya sêrat-sêrat yasan Yasadipuran ingkang kasêbut ing nginggil, punika kalêbêt pambanguning Kapustakan Jawi. Ingkang nama andamêl sêrat enggal, punika kados ta.

150

70. Sêrat Cêbolèk

Sêrat punika nyariyosakên lêlampahanipun Kaji Mutamangkin, karan Ki Cêbolèk, anggènipun ngrisak sarak: ngingah sêgawon sapanunggilanipun. Lajêng dipun gigat dening para ngulama satanah Jawi, dipun pangagêngi kêtib anom ing Kudus. Prakawis katur dhatêng pradata ing nagari Kartasura, jumênêngipun Ingkang Sinuhun P.B. II. Putusanipun Ki Cêbolèk dipun ngapuntên, sarèhne sampun tobat, saha kawon bantahipun kaliyan Kêtib Anom Kudus.

Ing sêrat Cêbolèk wau sêrat Dewaruci, Wiwaha lan sanèsipun, dipun rêmbag panjang, kangge praboting prakawis. Pangeran Mangkubumi, (Sinuhun Sultan I) inggih kocap anggènipun rêmên tapa, saha pêrang kaliyan mênthèk.

Ingkang mêgah-mêgahakên sêrat Cêbolèk punika dene anggènipun anggambar satunggal-tunggaling priyantun, kêtingal gêsang cêtha. Kados ta Radèn Dêmang Ngurawan, punika priyagung brêgas, wantêr, micara.

Sêrat Cêbolèk sampun nate kacithakakên ing pangêcapan Van Dorp, Sêmarang, taun 1886, mawi aksara Jawi. Enggal mangke kacariyos ugi sampun kacithak malih.

71. Sêrat Babad Giyanti

Sêrat punika ugi karan Babad Palihan Nagari. Ingkang dipun cariyosakên: sasampunipun kraton pindhah dhatêng Surakarta, sabab ing Kartasura dipun risak ing Cina, Pangeran Mangkubumi mêdal ngraman, awit lênggahipun siti dipun suda kathah sangêt, lajêng pêrang mêngsah kraton Surakarta. Salêbêtipun pêrang Pangeran Mangkubumi dipun suyuti ing para pangeran sanès-sanèsipun, ingkang sami botên narimah panggalihipun. [pang...]

151

[...galihipun.] Punapa dene Pangeran Mangkunagara (Sambêrnyawa) inggih suyut, dipun dadosakên senapatining prang.

Patraping prang Pangeran Mangkubumi sarana nêluk-nêlukakên tanah mancanagari saha pasisir. Ing salêbêting prang Pangeran Mangkunagara misah saking Mangkubumèn, malah dados mêngsah. Wusananing prang, tanah Jawi lajêng kapalih. Pangeran NangkubumiMangkubumi jumênêng nata wontên ing tanah Mataram, kanamakakên kraton Ngayogyakarta, ajêjuluk Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana I.

Punggawanipun Kangjêng Sultan ingkang pêng-pêngan, punika K.G. Mangkunagara, kala dèrèng misah; Adipati Pugêr (Martapura), Tumênggung Prawiradirja, Tumênggung Suryanagara (Suwandi) lan sanès-sanèsipun.

Saking pamrayoginipun Kumpêni, ingkang kala samantên ambantu dhatêng kraton Surakarta; Pangeran Mangkunagara kapurih têluk dhatêng Surakarta; kalampahan, lajêng jumênêng Mangkunagara I. Bibaring prang sampun jamanipun Sinuwun P. B. III.

Babad Giyanti punika basanipun sae, kados sêrat Cêbolèk, anggènipun anggambar satunggal-tunggaling priyantun inggih cêtha, kêtingal gêsang. Kyahi Yasadipura I yèn bab anggambar tiyang pancèn anggêgirisi saenipun.

Babad Giyanti sampun dipun cithakakên mawi aksara Jawi: H. Buning 1885, 1886, 1888, 1892, kawan jilid. Enggal mangke inggih kacithak malih dening Balai Pustaka, kaperang dados jilidan alit-alit.

72. Sêrat Sasanasunu

Sêrat punika ugi yasanipun KYAHI YASADIPURA II. Mênggah isinipun, piwulang lampahing gêsang Jawi Islam

152

kala jamanipun Kyahi Yasadipura piyambak. Piwulang wau kabage dados 12 bab; inggih punika: tiyang gêsang kêdah èngêt:

1. yèn tinitah dados tiyang dening Allah.

2. yèn pinaringan sandhang têdha.

3. yèn anggènipun pados sandhang têdha wau mêdala saking tapak tanganipun.

4. yèn saking dhawuhing Allah kadhawuhan Islam, manut Kangjêng Nabi Mohammad s.a.w.

5. bab pangangge lan pakarêman.

6. bab lampahipun tiyang mêmitran, kêkancan, sasaminipun.

7. bab nêdha, tilêm, lumampah, kêkesahan.

8. bab angurmati tamu.

9. bab wêdaling catur utawi wêdaling pikiran.

10. bab dados tiyang agêng punapa dados tiyang alit.

11. bab sudaning darajat lan gingsiring wahyu, punapa sababipun.

12. kêdah nyumêrêpi obah-osiking jagat.

Piwulang 12 bab ing nginggil punika lajêng dipun gêlar sarana têtêmbungan cêtha, kidung sakeca.

Tumrapipun kula piwulang ing Sasanasunu, dipun rangkêpi piwulang saking sêrat Ramayana, punika sampun cêkap kangge sanguning agêsang lair batos. Kintên kula kathah wilujêngipun katimbang kaliyan dhawuh ing sangsara. Ewadene prayogi kacobiya kemawon.

Sêrat Sasanasunu punika mawi sêngkalan: sapta catur swarèng janmi = 1747 taun Jawi, sarta sampun kacithakakên kaping 2. Ingkang kantun kala taun 1928, wêdalan toko buku S.M. Diwarna. Nanging anggènipun nyithak dèrèng mawi cara ingkang dipun anggêp sae dening Wetenschap. Têgêsipun botên mawi

153

katandhing-tandhing, namung waton sêrat satunggal. Amila ungêl-ungêlanipun inggih wontên ingkang risak. Kados ta: Pupuh 1 pada 2 mungêl: tuwuh tarlèn saka riya, têgêsipun: tuwuh (urip) iku ora liya mung saka kono (kajêngipun saking arja ring tumuwuh = salamêting agêsang).

Ing pada candhakipun: tumulun, lêrêsipun tumuluy (mêjahi ngê-ya) saking têmbung Kawi tuluy = ambacut. Pada 6 barang rusti lêrêsipun barang gusti, saking têmbung Kawi gosthi = rêrêmbagan makatên salajêngipun, bilih dipun petani tasih kathah tunggilipun ingkang makatên punika.

73. Sêrat Wicara Kêras

Sêrat punika ugi isi piwulangipun KYAHI YASADIPURA II. Namanipun sampun anêdahakên, Wicara Kêras = catur kêncêng. Têgêsipun ing ngriki kyahinipun sampun anjêlu, duka, uninga dhatêng kawontênaning nagari Surakarta kala jaman samantên, anggènipun pating blangkrèh.

Sasampunipun ngèngêtakên: aja dumèh wong gêdhe ... lajêng ngandika makatên (kacêkak):

Ngaku turun Brawijaya, ora sakti. Ngaku anak pandhita, ora bêtah ngêlèh. Ngaku anak pujangga, ora wêruh pa siji. Ngaku anak sujana, nalare liwar. Ngaku anak ngulama, ora bisa ngaji. Ngaku anak cina, ora kucir. Ngaku anak sèntrisantri ora bisa maca KULHU.

Lajêngipun: ... yèn ngaku sutèng raja, pêsthi nalare patitis, yèn anak ing kaum pêsthi bisa ndonga. // Lamun ora mangkonowa, sayêkti liniron bêlis, duk ibune pulangraras, [pulang...]

154

[...raras,] lawan bapakmu nguni, setan kang amomori, yèn ora iku blêkuthur, mulane karêm sasar, mbêlasar arda mênthalit, sêsetane anjahili padha bangsa. //

Mung karême dèn gunggunga, dèn alêma yèn asigit, têlèdhèk ajimprak-jimprak, panganggêpe widadari, yèn kasaliring thithik, padha bangsa nuli padu, datan nganggo ukara, sêsumbar acêrik-cêrik, yèn waniya pêrang mangsa mêngkonowa. //

Mung wanine padha bangsa, dèn rewangi takêr pati, jamak wong ngaku prawira, kaya Sultan Mangkubumi, atapa tur undagi, ing wiweka gathak-gathuk, micara tan sikara, pêsaja nalare mintir, lamun aprang padha Jawa nora arsa. //

Makatên salajêngipun; para agêng ing wayang, saha ing jaman sanès-sanèsipun, ingkang sae dipun alêm, ingkang awon inggih dipun cacad, paribasan ngantos êntèk amêk kurang golèk.

Sêrat Wicara Kêras - lajêngipun nama ONDHE-ONDHE PATIH sampun nate kacithakakên, nanging ing samangke sajak sampun langka sangêt.

74. Sinuhun P.B. IV

Kyahi Yasadipura I lan II punika kagungan sêsarêngan ingkang sami ayasa sêrat Jawi. Inggih punika ingkang SINUHUN P.B. IV, ingkang ayasa sêrat Wulangrèh.

Sêrat punika kala rumiyin misuwur saha dipun èstokakên sangêt dening tiyang Jawi ing Surakarta, kangge ular-ularing agêsang Jawi suwita wontên ing karaton.

Wontên malih piwulang dalêm ingkang Sinuhun P.B. IV nama Wulang Sunu, ngêmot:

Pupuh 1 Dhandhanggula 16 pada, kalêbêt purwakanipun ingkang nurun.

155

Pupuh 2 Asmarandana 20 pada, Pupuh 3 Sinom 15 pada, Pupuh 4 Pangkur 22 pada, Pupuh 5 Kinanthi 23 pada

Sêrat piwulang punika nunggil kaliyan sêrat Wulangrèh kasêbut ing nginggil, sêratanipun sami Pegon, sarta asli saking Priyangan. Dados kenging dipun anggêp bilih sêrat Wulangrèh punika kala rumiyin inggih dipun waos wontên ing tanah Pasundhan.

Sêkar Kinanthi, pupuh ing nginggil punika pungkasanipun mungêl: rinasa sajroning nala, raose lir madu gêndhis. Lajêng sambêt: pamêdhare wasitaning ati ... Dados bilih makatên sêrat Wulangrèh punika punapa lajêngipun sêrat Wulangsunu wau. Cobi mangke ing wingking dipun taliti malih.

Taksih wontên malih Wulangdalêm ingkang Sinuhun P.B. IV namung sapupuh Dhandhanggula thok, isi 68 pada. Purwakanipun: dhandhanggula kang pinurwèn gêndhing. Mèmpêr purwakanipun sêrat Wulangsunu ing nginggil: Wulangsunu kang kinarya gêndhing.

Sêrat Wulangsunu saha Wulangdalêm satunggalipun punika, sasumêrêp kula, ing Surakarta langka sangêt. Kula dèrèng nate mrangguli. Ingkang kaprah namung sêrat Wulangrèh.

75. Kyahi Sindusastra

Malih barakanipun Kyahi Yasadipura I lan II, ingkang ugi andamêl sêrat Jawi, punika nama Kyahi SINDUSASTRA, abdi dalêm carik ing Kapurbayan; Kangjêng Gusti Pangeran Purbaya punika ingkang lajêng jumênêng Sinuwun P.B. VII.

Damêlanipun Kyahi Sindusastra punika ingkang misuwur, sêrat Arjunasasrabau ingkang mawi sêjarah

156

saha cariyosipun Sugriwa-Subali. Babonipun ingkang dipun angge, cêtha sangêt bilih sêrat Kandha, dipun urut saha dipun wêwahi.

Sêrat Arjunasasra Sindusastran sampun kacithak mawi aksara Jawi, dening PALMER VAN DEN BROEK wontên ing VERHAND. BAT. GEN., babak 34 (1870); Van Dorp, Semarang 1872 kalih deel; van Dorp Semarang 1883 ingkang babak 1; 1886 ingkang babak 2. Kapêrtal ing basa Walandi dening D. L. MOUNIER wontên ing Indisch Magazijn 1.

Sêrat Partayagnya (sanès Partayadnya ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng) inggih damêlanipun Kyahi Sindusastra. Sêrat punika lugunipun anggancarakên lampahan, Partakrama, ugi dipun wiwiti ngangge sêjarah kados ing sêrat Arjunasasra.

Sambêtipun, sêrat Srikandhi Maguru Manah, dipun lajêngakên dumugi lampahan Sêmbadra Larung, lan Cèkèl Wanèngpati. Punika sadaya damêlanipun Kyahi Sindusastra saking dhawuh dalêm Sinuwun P. B. VII, kala taksih nama Pangeran Purbaya.

76. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga

Kangjêng Pangeran Arya KUSUMADILAGA, punika putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi I ing Surakarta (dede Sinuwun Sultan I). Punika inggih ahli sêrat-sêrat punapa dene bab wayang. Yasanipun sêrat lakon: Jagal Bilawa, Lingga Pura, Sêmar Njantur, Kartawiyoga Maling, lan piwulang andhalang nama sêrat Sastramiruda.

Kyahi Sindusastra saha K.P. Kusumadilaga, punika dados ugi namung nama ambangun, botên andamêl sêrat enggal. Awit babonipun sêrat lampahan sampun wontên; inggih punika ingkang kamot ing sêrat Kandha.

157

77. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (Sinuwun P.B. V).

Sinuwun P.B. V nalika taksih jumênêng Pangeran Adipati Anom, rêmên sangêt dhatêng sêrat-sêrat. Tandhanipun, mèh sadaya damêlanipun Kyahi Yasadipura II, punika dumados saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti. Wontên malih sêrat ingkang dumados saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti, inggih punika sêrat CENTHINI.

Mênggah isinipun sêrat Cênthini wau warni-warni sangêt. Kados ta bab Agami Islam, bab ngèlmu, bab gêndhing, jogèt, dintên awon-sae, sêkar (têmbang), olah-olahan Jawi, lucon, crêmêdan, saha cariyosanipun satunggal-tunggaling panggenan. Wondene anggènipun nyariyosakên wau moncèr sangêt, ingkang lucon inggih sakatogipun, ingkang crêmêdan inggih sasayahipun, ingkang ngèlmon inggih ngantos kandhas. Cêkakipun sami-sami sêrat Jawi Cênthini punika mêgah-mêgahakên.

Kacariyos nalika pandamêlipun wau ingkang anggarap priyantun kathah, ingkang bab agami Kyahi Pangulu Tabsir Anom, ingkang bab gêndhing abdi dalêm dêmang niyaga kiwa têngên, ingkang bab crêmêdan dipun jênêngi Kangjêng Gusti piyambak. Dene bab pangarangipun, Kyai Yasadipura II kaliyan Kyahi Ranggatrasna. Ingkang bab cariyosipun satunggal-tunggaling panggenan, punika Kangjêng Gusti utusan nyatakakên lajêng dipun cathêti; kados ta kawontênan ing pucaking rêdi Lawu, rêdi Kidul, sapanunggilanipun.

Mênggah babonipun sêrat Cênthini, punika sêrat saking pasisir nama Jatiswara. Sêrat punika lajêng dipun karang malih, dipun gêlar ngandhar-andhar, dados sêrat Cênthini.

158

Sêrat Cênthini sampun kacithakakên; kajawi ingkang cithakan cuwil-cuwilan, ingkang urut, wêdalan Bat. Gen. wolung deel dados 4 buku. Nanging punika dèrèng jangkêp; kêkiranganing cariyos upami kacithakna taksih dados sabuku piyambak.

78. Radèn Ngabèhi Ranggawarsita

R. Ng. Ranggawarsita punika kalêrês wayahipun Kyahi Yasadipura II. Dados inggih turun bujangga tulèn. Ing ngriki botên badhe kula aturakên sajarahipun utawi lêlampahanipun; awit bab punika sampun kapratelakakên wontên ing sêrat sanès. Ingkang badhe kula aturakên namung damêlanipun sêrat-sêrat, ingkang kula sumêrêp. Inggih punika sêrat:

79. Paramayoga

Sêrat punika mawi kadosdene Inleiding makatên, ungêlipun kados ing ngandhap punika.

"Sêrat Paramayoga punika nyariyosakên lêlampahanipun Kanjêng Nabi Adam kaliyan lêlampahan sarta têrah-tumêrahipun para dewa, ing salajêngipun ngantos dumugi cariyos wiwitanipun tanah Jawi dipun dunungi manusa.

Mênggah wêwatonipun mêndhêt saking cariyos ingkang kocap ing sêrat Jitapsara, anggitanipun Bagawan Palasara ing Ngastina saking anggènipun nukil suraosipun Pustaka Darya, babon saking tanah Indhu lajêng katêpangakên kaliyan suraosipun kitab Niladunirèn, babon saking Najran, sarta kitab Sitatul, babon saking Selan ... enz. Ananging suraosipun kitab-kitab wau amung kapêthikan ingkaningkang wontên cariyosipun tumrap ing sêrat-sêrat Paramayoga kemawon, saha mawi anukil sakathahing hikayat, utawi riwayat, lajêng katurutakên kaliyan etanging taun srêngenge

159

sarta taun rêmbulan. Urutipun cariyos kados ing ngandhap punika".

Kawuningana, ingkang dipun cariyosakên sêrat nama Jitapsara, anggitanipun Bagawan Palasara ing Ngastina, punika sasumêrêp kula botên wontên. Wontên sêrat nama Jitapsara, nanging punika anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita piyambak. (Mangke badhe dipun aturakên).

Makatên ugi sêrat nama Pustaka Darya, babon saking tanah Indhu, punika sasumêrêp kula inggih botên wontên. Bab sêrat-sêrat ingkang nama Arab, kula botên sagêd ngaturakên katrangan barang-barang, saking cupêting kawruh kula dhatêng kitab-kitab Arab. Punapa sêrat-sêrat (kitab) Arab ingkang dipun pratelakakên ing sêrat Paramayoga wau nyata wontên utawi mbotên, punika namung kula sumanggakakên.

Ing sanyata-nyatanipun ingkang nyata, sêrat Paramayoga punika babonipun sêrat Kandha, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Sêrat Kandha punika dening R. Ng. Ranggawarsita dipun damêl basa gancar, dipun wangun, dipun ewahi, dipun wêwahi kathah sangêt. Wêwahan punika sabageyan agêng angsalipun, R. Ng. Ranggawarsita saking anggènipun mirêng cariyosipun mitranipun bangsa Walandi, C.F. Winter saha Cohen Stuart. Kados ta nama-nama ingkang saking ngèlmu bumi: Laut Kaspi, rêdi Kaokasus, l.s.p.

Malih ingkang kenging dipun wastani wêwahan saking R. Ng. Ranggawarsita punika tunggilipun nama Adam, kadadosakên At-hama, kados-kadosa nama Sanskrit, asal saking Indhu. Nama At-hama punika ing kawruh kadewan Indhu, sasumêrêp kula, botên wontên. Wontên têmbung atman ingkang kêrêp kangge wontên ing filosofie Indhu, têgêsipun nyawa, jiwa, urip.

160

Pratelan bab wontênipun taun surya saha taun rêmbulan, punika inggih wêwahanipun R. Ng. Ranggawarsita piyambak. Ing tanah Jawi sadèrèngipun taun 1555, jaman Sultan Agungan, taunipun namung taun surya, kados ingkang taksih kangge ing tanah Bali jaman samangke.

Pungkasanipun sêrat Paramayoga ungêlipun makatên:

"Kacariyos sarêng dumuginipun taun Indhu saking jaman Pancamakala angka 768 taun Adam, angka 5154 ing taun srêngenge utawi 5306 ing taun rêmbulan, panjênênganipun Prabu Isaka, ratu ing nagari Surati tanah Indhustan, inggih punika ingkang sinêbut nama Aji Saka, nagarinipun kabêdhah ing mêngsah. Sang prabu lajêng jêngkar saking praja ngungsi ing wana, dumuginipun ing wana dipun panggihi dening kang rama Bathara Anggajali, sang prabu dhinawuhan amaratapa dhatêng pulo ingkang suwung, prênah kidul-wetanipun tanah Indhu, sang prabu lajêng mangkat dhatêng pulo suwêng, inggih punika pulo Jawi. Sarawuhipun ing pulo Jawi sang prabu lajêng asêsilih nama Êmpu Sangkala.

Dumugi samantên têlasing cariyos ingkang kawrat ing sêrat Paramayoga, punika lajêng nyandhak cariyos ingkang kocap ing sêrat Pustakaraja Purwa, tamat".

Kula wangsuli malih atur kula: sêrat Paramayoga punika wosipun sêrat Kandha kadamêl basa gancar mawi kawêwahan, kaewahan manut pamirêng saha kaparêngipun R. Ng. Ranggawarsita piyambak.

Sêrat Paramayoga sampun kacithakakên mawi aksara Jawi taun 1922.

80. Sêrat Jitapsara

Kados ingkang sampun kaaturakên ing nginggil, sêrat punika ugi damêlanipun R. Ng. Ranggawarsita. Wondene [Won...]

161

[...dene] ingkang dipun cariyosakên mèh sami kemawon kaliyan ingkang kasêbut ing sêrat Paramayoga. Namung têtêmbunganipun ing sêrat Jitapsara, punika yèn cara Ngayoja, kadamêl macak. Anggènipun macakakên sarana ngangge têmbung Kawi sawatawis kathah. Nanging sarèhne R. Ng. Ranggawarsita punika botên sagêd dhatêng basa Kawi, dados panganggenipun têmbung-têmbung Kawi wau namung sakarsanipun piyambak kemawon, amila inggih angèl sangêt anggènipun badhe nyumêrêpi têgêsing têmbung-têmbung wau, saking mbotên sumêrêp dhatêng karsanipun ingkang ngangge, murih têrang ing ngandhap punika dipun aturakên contonipun.

Pustaka Jitapsara

// o // i o mandra // o // Om u sidhha ring sedyana, tar sèng wardaya'stungkara, ngang ring hyang Jagat matri traya, dyama amuda di pradana, ngang sinunging daniwasmaya, mahya kridaning rat raya, ngang triyodara rana wisaya, wiwisunda sandaning dwisti, ngang, adyan pudyaning asudra, kang andon mandanèng ciptamaya, lumayènging parasdya, kang natani èsthining tyas kung, anglahirakên ung kara, om hyangkun mèh hemmah maya, cipta nindyastananing sang kawiswara, puhara radi arja ing Surakarta, kang murut matêpêt loka ya, dera mêdar kamudahaning suksmaya jati, ingkang amratelakakên sangkêping prahyagsana kulah kasampurnan sajatining gêsang, supana mambuka pranawa nalaning sampali, kang tarwilun kalulun amirasa, karaos ing dalêm raswita wiwitaning pinudya dahat kalinggamurda.

Wangsul mênggah sangkêping pratyagsana kang kasêbut ing dalêm pustaka Mahadewa wau, mangkya winêdhar ... salajêngipun.

162

Kados makatên punika ungêl-ungêlan ing sêrat Jitapsara. Ungêl-ungêlanipun mbotên namung gancar, wontên ingkang mawi sêkar, sêlang-sêling kaliyan ingkang gancar, contonipun kados ing ngandhap punika.

Yadin kadyatmikan kang jinarwi, jroning Jitapsara hyang Athama, sigra murwèng ning monênge, mangèsthi kung sêmangut, masadrasa smara kinarti, ri tata tri asmara, rèh kang pinarsèstu, tar lyan mung asmara cipta, lan asmara turida sangkêp ping katri, trusthi asmara agama.

Yeka smaraning ka kang sajati, tibrastha randa amisik garwa, sagati ring jro jinême, mong kung apulang lutut, kelut ing nis wahyaning rêsmi, mêhêng asmaracipta, kang kèsthi kalulun, lalu nimpune sotama, tarpantara rahsana mimba sinandi, jroning cupu kulama.

Makatên salajêngipun. Punika cariyos badhe dumadosipun Nabi Sis. Yèn namung grêban inggih mangrêtos, nanging yèn dipun dumuki satêmbung-têmbung, dipun pêndhêt têgêsipun, kula mbotên sagêd mangrêtos.

Ing nginggil sampun kaaturakên bilih cariyos ing sêrat Jitapsara punika mèmpêr cariyosa ing Paramayoga. Kalih-kalihipun damêlanipun R. Ng. Ranggawarsita, sabageyan agêng mêndhêt saking sêrat Kandha, sabageyan saking gagasanipun piyambak.

Pungkasanipun sêrat Jitapsara mungêl makatên:

nahan ta ing nalika punika hyang Tunggal jata nangsaya tunggal pranayaning driya, kadya pradiptaning pradtanggapi ing mangsa sakri, kawismaya sotaning tyas sumêka danira manujarwi, lajuning rèh lahiring cariyos, kang mawèh saryastura, turuting taliti saking nabi Adam, wiyosipun inggih punika hyang At-hama, kaliyan ibu Kawa tinêdahakên wijanging turasipun satunggal-satunggal [satunggal-...]

163

[...satunggal] anggènipun sami mangun nastapa, brata brangta amamudya dalah salêlampahanipun, botên wontên ingkang kalangkungan, urutipun kang sami kasêbut ing dalêm wirayat prapta mandhirining hyang Jagat matri traya, mangka sasandhaning amursita trusthining kata amusthi rarasmayaning dyatmika, dènira mangandikakakên kados ing ngandhap punika. Sambêtipun mbotên wontên.

Nama Jitapsara punika lugunipun saking têmbung jitakshara têgêsipun mênang karo tulis. Ingkang dipun wastani tiyang ingkang mênang karo tulis, punika tiyang sagêd; ing basa Walandi geleerde in de taal en litteratuur.

81. Sêrat Pustakraja

Pratelan kula bab sêrat Pustakaraja, punika kirang langkung sami kaliyan ingkang sampun kaaturakên bab sêrat Paramayoga. Sêrat Pustakaraja punika wosipun dumados saking sêrat lakon wayang, saking pamirêngipun R. Ng. Ranggawarsita cariyos saking mitranipun, bangsa Walandi, saha dongèng-dongèng ingkang kala jaman samantên sampun wontên. Sadaya wau mawi dipun wêwahi, dipun ewahi, dening R. Ng. Ranggawarsita, sakaparêngipun.

Inggih kadospundi-kadospundiya, cêkakipun sêrat Pustakaraja, punika sabageyan agêng sangêt, namung isi omong-kosongipun R. Ng. Ranggawarsita. Sadaya sêrat-sêrat ingkang dipun cariyosakên wontên ing Pustakaraja: sêrat Mahaparwa, Purwapada, Sabaloka, Mahadewa, Maharêsi, sapanunggilanipun, punika nyatanipun botên wontên saha botên nate wontên.

Wontên sêrat ingkang dipun sêbut nama Sumanantaka "punika cariyos kala Sang Hyang Wisnu dados

164

dhukun". Nama Sumanantaka punika risakan saking Sumasanantaka. R. Ng. Ranggawarsita nate mirêng nama punika saking mitranipun, lajêng dipun lêbêtakên ing sêratipun Pustakaraja, botên mawi uninga dhatêng isinipun sakêdhik-kêdhika.

Makatên ugi sêrat Smaradahana, rèhne mawi dahana (latu), lajêng dipun pratelakakên yèn nyariyosakên kabasminipun Bale Gala-gala. Makatên sapiturutipun. Pratelan kula bab sêrat Pustakaraja botên pêrlu kapanjangakên.

Sêrat Pustakaraja sampun kacithakakên ing pangêcapan H. BUNING ing Ngayogyakarta, taun 1884. Cithakan ingkang kaping kalih kala taun 1906.

82. Sêrat Cêmporèt

Sêrat Cêmporèt punika yasanipun R. Ng. Ranggawarsita, saking dhawuh kaparêngipun Ingkang Sinuwun Sri P. B. IX mawi titimangsa sêngkala song song gora candra = taun Jawi 1799.

Ikêtanipun ukara ngrawit sangêt. Sugih purwakanthi. Basanipun alus manuhara, ngantos kêmanuharanên. Têgêsipun paginêmanipun tiyang dhusun, tiyang èstri dhusun, kados wicaranipun priyantun kitha ingkang adakik-dakik dhatêng wicara. Lan sadaya rêmbagipun ingkang dipun cariyosakên têmtu panjang.

Gancaraning cariyosipun sêrat Cêmporèt wau têtela mêndhêt srêmpilaning cariyosipun sêrat Tantupanggêlaran. Ingkang sampun tumimbal dados dongèng utawi gotèk, lajêng dipun wêwahi cariyos malih dening R. Ng. Ranggawarsita, kadhapur lêlampahan, wujudipun makatên.

Wontên para ratu ingkang sami jumênêng, ing Jêpara, ing Pagêlèn, ing Prambanan. Asma Sri Karungkala, [Karungka...]

165

[...la,] Sri Katungmalaras, Sri Sandhanggarba. Punika para putranipun sami lolos murca saking nagari lêlana piyambak-piyambak. Wontên ingkang dados sato wana. Wontên ingkang dhatêng padhusunan. Ngantos dados sungkawanipun para ibu ramanipun. Putra Pagêlèn asma R. Jaka Pramana wontên dhusun Cêngkarsari, wontên panggenanipun Buyut Cêmporèt, dhaup kaliyan anak puponipun Ki Cêmporèt, ingkang nama Rara Kumênyar. Sajatosipun Rara Kumênyar wau putranipun ratu ing Jêpara. Badhe dhaupipun punika mawi sarana dipun congkoki pêksi menco ingkang sagêd tata janma ginêman. Saha mawi rêrekan sêsupe sêsotya ingkang sagêd ngirup wêwarnèn = gambar potrèt. Sasampunipun bab punika lajêng mratelakakên sadaya para putra nata ingkang sami lolos saking praja kasêbut ing nginggil, sami kondur dhatêng praja, saha sami manggih kamulyan piyambak-piyambak. Dene lêlampahan sadèrèngipun sami kondur wau tansah sami manggih utawi nglampahi kawontênan ingkang elok-elok. Bab kaelokanipun mbotên têbih kaliyan ingkang sami kasêbut ing sêrat Pustakaraja.

Mênggah karsanipun R. Ng. Ranggawarsita makatên wau saking pandugi kula mbokmanawi badhe nuju dhatêng ing akathah, rèhne kala jaman samantên bangsa Jawi ing Surakarta taksih kathah ingkang rêmên dhatêng kaelokan.

Sêrat Cêmporèt punika mawi têmbang macapat, sarta sampun kacithah ing pangêcapanipun tuwan Rusche ing Surakarta, kala taun Masehi 1856. Wondene ungêling purwaka kados ing ngandhap punika, mawi sandi asma jangkêp. Têmbang Dhandhanggula.§ Sandi asma wau mungêl: RA DYAN NGA BÈ HI RONG GA WAR SI TA.

166

Songsong gora candraning hartati, lwir winidyan sarosèng parasdya, ringa-ringa pangriptane, tan darbe labdèng kawruh, angruruhi wênganing budi, kang mirong ruharèng tyas, jaga hangkara nung, minta luwaring duhkita, kaywa kongsi kewran lukitèng kintèki, kang kata ginupita.

Pangapusing pustaka sayêkti, saking karsa dalêm sri narendra, kang kaping sanga mandhirèng, Surakarta praja gung, sumbagèng rat dibya di murti, martotama susanta, santosa mbêg sadu, sadargèng galih lêgawa, sihing wadya gung alit samya mêmuji, raharjèng praja nata.

83. Sêrat babad Prayut

Sêrat babad Prayut punika lêlajênganipun sêrat Babad Giyanti. Dados ugi yasan Yasadipuran. Mila karan nama Prayut, amargi nyariyosakên sasampuning sirêp pêrang Gianti, lajêng garwanipun K.P.H. Mangkunagara, asma Ratu Bandara, putranipun Kangjêng Sultan ing Ngayogya kapêgatakên, saking karsanipun K. Sultan. Nuntên dados pêrang alit-alitan. Corok-cinorok siti bawah Ngayogya lan Surakarta. Nanging lajêng sirêp saking karukunakên dening para luhur kaliyan gupêrmèn.

Salajêngipun mratelakakên kêkantunan pêrang alit-alit. Mêrangi para kraman ingkang dèrèng sami têluk. Kados ta pêrangipun P.H. Prabujaka, pêrangipun Panêmbahan Kowak tuwin pêrangipun R. Wiratmêja. Saha nyariyosakên lêlayanipun kraton Ngayogya kaliyan kraton Surakarta. Namung bab rêrakêtan sawatawis.

Cêcengkokan saha ikêtanipun ukara ugi sae sangêt anggêsangakên raos. Cêtha panyithaking wêwujudan, tuwin manawi rêmbag damêl lêlèjêm ulah sêmu katingal lungit sangêt.

167

84. Sêrat Babad Pakêpung

Sêrat Babad Pakêpung punika dumados salêbêtipun Ingkang Sinuhun P.B. IV jumênêng. Sêrat punika kalêbêt sêrat alit. Nyariyosakên Ingkang Sinuhun P.B. IV, ngingah tiyang ingkang kaanggêp sêkti, nama Bahman, Wiradigda, Panêngah kaliyan Kanduruhan. Ingkang makatên wau lajêng dados sanggarungginipun gupêrmèn, kaliyan karaton ing Ngayogya. Kagalih badhe dados rêribêd. Cêkakipun ing Surakarta lajêng kakêpung barisan saking Ngayogya, gupêrmèn saha Mangkunagaran. Ing kraton Surakarta sangêt kuwur, sarta ribêt. Ludhanging rêribêt sarta bibaring pangêpung wau saking pamrayoginipun para sêpuh ing Surakarta, kêdah ambêsta tiyang sakawan ingkang kakintên sêkti tur dados rêruwêt wau.

Sêrat Babad Pakêpung punika kacariyos yasan Yasadipuran. Dene pacak laguning ikêtan ugi gêsang, sae sarta cêtha. Suraosing ukara antêp, trincing mbotên nglèwèr, mawi titimangsa taun.

Ungêl-ungêlanipun purwaka kula pêthik, makatên:

1. Kang sinawung sêkar gula milir, duk jumênêng dalêm Jêng Susunan, nênggih Pakubuwanane, ye kang Abdurrachmanu, Sayidina Panata Gami, Senapati Ngalaga, ingkang kaping catur, kang ngadhaton Surakarta, dèrèng lama dènya jumênêng narpati, wantu nata taruna.

2. Ingadhêpan abdi kang tan yukti, nama Panêngah lan Wiradigda, Bahman kalawan Nursalèh, samya ngadoni atur, pinrih bênggang lawan Kumpêni, aturnya mring sang nata, wong papat punika, akathah sasanggupira, atêmahan kawêdhar tyasnya sang aji, kenyut mring setan papat.

168

3. Saature dhinahar mring aji, nata supe mring pamomongira, rina wêngi esok sore, mung setan papat iku, kang ginagas (ka)-gagas ing galih, abdi pamomongira, awit kala timur, Ngabèhi Yasadipura, wus siningkur tan kanggêp sahaturnèki, dadya nahên sangkawa.

Sêrat Prayut kaliyan sêrat Pakêpung, sasumêrêp kula dèrèng nate dipun cap. Sêrat kêkalih wau sami têmbang macapat.

169

PRATELAN BUKU-BUKU

KAPUSTAKAN JAWI ... V

I. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN SÊPUH ... 1

1. Sêrat Candrakirana ... 1

2. Sêrat Ramayana ... 2

3. Sang Hyang Kamahayanikan ... 5

4. Brahmandhapurana ... 6

5. Agastyaparwa ... 7

6. Uttarakandha ... 8

7. Adiparwa ... 9

8. Sabhaparwa ... 9

9. Wirathaparwa ... 9

10. Udyogaparwa ... 10

11. Bhismaparwa ... 11

12. Asramawasanaparwa ... 11

13. Mosalaparwa ... 12

14. Prasthanikaparwa ... 13

15. Swargarohanaparwa ... 14

16. Kunjarakarna ... 14

II. SÊRAT JAWI KINA INGKANG MAWI SÊKAR ... 16

17. Arjunawiwaha ... 16

18. Krêsnayana ... 17

19. Sumanasantaka ... 18

20. Smaradahana ... 20

21. Bhomakawya ... 22

22. Bharatayuddha ... 24

23. Hariwangsa ... 26

170

24. Gathotkaca Sraya ... 29

25. Wrêttasancaya ... 33

26. Lubdhaka ... 35

III. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN ÊNÈM ... 39

27. Brahmandhapurana ... 39

28. Kunjarakarna ... 40

29. Nagarakrêtagama ... 40

30. Arjunawijaya ... 42

31. Sutasoma utawi Purusada-santa ... 42

32. Parthayadnya ... 46

33. Nitiçastra ... 49

34. Nirarthaprakrêta ... 52

35. Dharmaçunya ... 53

36. Hariçraya ... 55

IV. THUKULIPUN BASA JAWI TÊNGAHAN ... 56

37. Tantupanggêlaran, gancar ... 56

38. Calonarang, gancar ... 59

39. Tantri Kamandaka, gancar ... 62

40. Korawaçrama, gancar ... 67

41. Sêrat Pararaton ... 69

V. KIDUNG BASA JAWI TÊNGAHAN ... 71

42. Dewaruci, mawi sêkar ... 73

43. Sêrat Sudamala, mawi sêkar ... 75

44. Sêrat Kidung Subrata, mawi sêkar ... 79

45. Sêrat Panji Angrèni, mawi sêkar ... 82

46. Sêrat Sri Tanjung, mawi sêkar ... 85

VI. JAMAN ISLAM ... 91

47. Het boek van Bonang, gancar ... 92

48. Een Javaans Geschrift uit de 16e eeuw, gancar ... 93

49. Suluk Sukarsa, mawi sêkar ... 94

50. Kojajajahan, mawi sêkar ... 96

51. Suluk wujil, mawi sêkar ... 98

171

52. Suluk Malangsumirang, mawi sêkar ... 100

53. Sêrat Nitisruti, mawi sêkar ... 102

54. Sêrat Nitipraja, mawi sêkar ... 105

55. Sêrat Sewaka, mawi sêkar ... 107

56. Sêrat Menak, mawi sêkar ... 109

57. Sêrat Rêngganis, mawi sêkar ... 111

58. Sêrat Manikmaya, mawi sêkar ... 119

59. Sêrat Ambiya, mawi sêkar ... 122

60. Sêrat Kandha, mawi sêkar ... 124

VII. JAMAN SURAKARTA AWAL ... 133

61. Kyahi Yasadipura I lan II ... 134

62. Sêrat Bratayuda ... 137

63. Sêrat Panitisastra ... 140

64. Sêrat Arjunasasra utawi Lokapala ... 143

65. Sêrat Darmasunya ... 143

66. Sêrat Dewaruci Jarwa ... 145

67. Sêrat Menak ... 148

68. Sêrat Ambia Yasadipuran ... 149

69. Sêrat Tajusalatin ... 149

70. Sêrat Cêbolèk ... 150

71. Sêrat Babad Giyanti ... 150

72. Sêrat Sasanasunu ... 151

73. Sêrat Wicara KêarsKêras ... 153

74. Sinuhun P. B. IV ... 154

75. Kyahi Sindusastra ... 155

76. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga ... 156

77. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (Sinuwun P.B. V) ... 157

78. Radèn Ngabèhi Ranggawarsita ... 158

79. Paramayoga ... 158

80. Sêrat Jitapsara ... 160

81. Sêrat Pustakaraja ... 163

82. Serat Cêmporèt ... 164

83. Sêrat Babad Prayut ... 166

84. Sêrat Babad Pakêpung ... 167

[0]

[Iklan]