Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Basa Basuki, Dwijawiyata, 1937, #294

Katalog:Basa Basuki, Dwijawiyata, 1937, #294
Sambung:-

Sêrat Basa Basuki

Kaêcap ing Pangêcapan "MATARAM' Suryadiningratan - Ngayogyakarta 1937.

--- 0 ---

Basa Basuki

Sêsorahipun Ki Dwijawiyata ing Ngayogyakarta

Kawêdalakên dening pakêmpalan Guyub Rukun ing Ngayogyakarta. Cap-capan: I Taun 1937

--- 1 ---

Purwaka

Kula nuwun, pangrèh pakêmpalan, Guyub Rukun, sangêt suka sukur ing manah, dene kasêmbadan sêdyanipun, sagêd angêdalakên Sêrat, Basa Basuki. Mênggah lairipun Sêrat Basa Basuki punika, tumrap wujudipun, minôngka dados indhaking cacahipun sêrat-sêrat Jawi, ingkang ngêwrat babagan basa. Tumrap suraosipun, mugi dadosa sarana anênangi nêngênakên dhatêng basa kita pribadi. Dene tumrap raosipun, sagêda dados pêpadhang sawatawis, kangge angraras kawiryaning bôngsa lan basa kita Jawi.

Basa Basuki lair wontên ing pandhapi Sana Budaya.

Amarêngi dintên malêm, Kêmis, surya kaping 21/22 wulan Marêt, 1937, pakêmpalan, Guyub Rukun, adamêl parêpatan, kwartalan wontên ing pandhapi Sana Budaya, ngrêmbag kabêtahaning pakêmpalan, ngiras ngajangi sêsorah, Basa Basuki, dening Ki Dwijawiyata, tilas opsinêr pamulangan Jawi. Warga Guyub Rukun ingkang sami lênggah wontên ing parêpatan antawisipun kalih bêlahan.

Nalika Ki Dwijawiyata damêl grambyangan kangge ambukani sêsorah, ing pandhapi Sana Budaya katingal tata têntrêm, para warga sami mapan lênggahipun, ing sêmu nilingakên, baya punapa wigatosing Basa Basuki. Swasana ing ngriku kawistara sênêng lan parêng dening mirêng wosing wasita ingkang cinandhi wontên ing têmbung, Basa Basuki. Rêgênging pandhapi Sana Budaya rinêngga ing gujêng ingkang [ing...]

--- 2 ---

[...kang] kabasakakên, gar, gêr. Salêbêtipun para warga sami gumujêng gêr-gêran, nanging ing dalêm panggalih sami nyathêt sadaya andharan ingkang sakalangkung ngês, punapa malih sami karaos, yèn Basa Basuki dados sêsadoning bêbudèn ingkang utami, sagêd lênggah wontên ing jaman kamajêngan ingkang kita alami. Pramila botên lôngka, yèn para warga Guyub Rukun, lajêng anggiligakên golonging pamanggih, angêcapakên sêsorahipun Ki Dwijawiyata, kadhapur buku, nama sêrat Basa Basuki.

Ing wasana pangrèh Guyub Rukun, matur nyuwun gunging pangapuntên, dene sawêg sapunika sagêd ngaturakên: Basa Basuki.

Pangrèh Pakêmpalan, Guyub Rukun.

--- 3 ---

Basa Basuki

Sêsorahipun Ki Dwijawiyata ing Ngayogyakarta

Pambukaning Sêsorah

1. Tuwan pangarsa, tuwin para ingkang lênggah punika sadaya.

Kula nuwun, sawatawis dintên kapêngkêr, nalika kula tampi jawilanipun pangrèh, supados kula mêdharakên sêsorah wontên ing parêpatan ing dalu punika, kala samantên lajêng kula sagahi kemawon. Punika jalaranipun namung saking gêngipun karênan kula dhatêng pakêmpalan, gu:ru, punika. Botên pisan-pisan kasagahan kula wau tuwuh saking sugih kula kawruh utawi pamanggih. Punika botên.

2. Kula ngrumaosi ing andhapipun dêdêg kula, rupêkipun wawasan kula, kêthulipun pamanahan kula. Saupami kula cariosa gadhah pamanggih, inggih mangsa wontêna ingkang karsa mupakati pamanggih wau. Cacak pamanggihipun para sarjana, ingkang sampun angsal sêsêbutan dhoktor (Dr.), mêksa wontên ingkang maibên, pinabênan bilih botên lêrês. Punapa malih sakula, bangsanipun buta bêrduwak, cèkèlonganing bale, upaminipun.

3. Awit saking punika, pangarsa, ingkang badhe kula gêlarakên punika, namung pêpêthikan sêrat alit-alit, ingkang asring kasrambah ing sabên dintên. Sampun tamtu kemawon botên wontên adi pèninipun, dêstun malah ambosêni. Inggih punika namung sapele: bab.

--- 4 ---

4. Têmbung: Basa Basuki, punika sakeca dipun ucapakên, sae pikajêngipun. Têrang punika têmbungipun para sarjana sujana, pujôngga ambêk pinandhita. Dene pinangkanipun têmbung: Basa Basuki, punika anggèn kula nyuplik saking Sêrat Sanasunu, anggitanipun pujôngga Radèn Ngabèi Yasadipura. Mênggah têgêsipun: sana = anggon-anggon, wulang. sunu = anak, lare. sanasunu = wulang bocah, pitutur.

5. Pangarsa, wontên ing ngriki, ing parêpatanipun para sêpuh, para guru sakolah, tilas guru, malah wontên ingkang têtunggulipun para guru, punapa lênggah pêthikan Sanasunu (wulang bocah) kula gêlarakên. Punapa baya botên nêtêpi bêbasan: ênggon wêlut didoli udhèt. Rangu-rangu manah kula, mangke gèk kirang lêrês êmpan papanipun.

6. Bab punika kula namung nyumanggakakên ing panggalih panjênêngan sadaya. Ewadene kula purun-purunakên manah kula, nekad, sawontên-wontênipun mêksa kula aturakên. Awit locitaning manah: pitutur sae, punika botên wontên awonipun kaucapakên, ing sadhengah môngsa-mangsanipun, kenging kangge pêpiridan.

7. Kula nuwun, pikajêng kula badhe anjèrèng suraosipun têmbung basa basuki. Pintên banggi sagêd lêrês, botênipun, inggih dadosa ular-ular, sokur sagêd kangge panggugah ing manah kabêsturon, dhatêng pamardining basa, murih basukinipun gêsang sêsrawungan.

8. Wosipun atur kula makatên:

--- 5 ---

Basa (kinanipun: basa) têgêsipun ingkang sapisan: kasusilan, tata krama, Kados ta ing ukara: Wong caturan karo wakne têka ora basa. Ora basa ing ngriku pikajêngipun: ora nganggo tata krama, utawi taklim, dados ngoko. Ing basa Mêlayu: tidak tahu basa, têgêsipun: botên sumêrêp tata (krama).

Basa, ingkang kaping kalih atêgês: têmbung sawatawis kadhapuk dados ukara, inggih punika ungêl-ungêlan ingkang gadhah pikajêng, tumanduk dhatêng asanès. Basuki = rahayu, wilujêng. Dados: Basa Basuki = ukara ingkang murugakên wilujêng.

9. Tamtunipun lajêng wontên ingkang pitakèn: apa ana ta basa kang marakake ora slamêt. Wangsulanipun: inggih wontên, malah kathah. Ingkang têtela kados ta: pêpisuh, pamoyok, panguwus-uwus, sêsaminipun, punika têrang sanès basa basuki. Awit ingkang kataman, sampun tamtu muntab manahipun, lajêng nandukakên wêwalês. Trêkadhang botên tarimah sami sakêcap, kabrananging manah dados nêkuk nikêli. Dene ingkang tampi wêwalês, inggih lajêng bramantya, satêrusipun angwontênakên pasulayan, ingkang kawastanan pabên.

10. Awonipun tiyang pabên sampun cêtha, botên prêlu kula aturakên ing ngriki. Ingkang prêlu kula giyarakên: babagan basa basuki, awit punika ingkang pantês kawulangakên dhatêng anak putu, punapadene siswa ing pamulangan. Mênggah sakathahipun piwulang basa ing pamulangan punika, sêdyanipun inggih mardi basa basuki. Botên nate guru anggladhi muridipun, supados baut pabên, ngujar-ujari, ngrawus êntèk ngamèk kurang golèk. Punika botên nate, malah

--- 6 ---

dipun pambêngi supados sampun ngantos ngucapakên têmbung utawi basa ingkang natoni manah.

11. Dados basa kawastanan sagêd adamêl tatu. Punika pancèn botên dora, malah anggènipun andamêl bilai trêkadhang nglangkungi tatu saking kêpêrang lading utawi kêcocog êri. Inspectie nipun tatuning manah punika sagêd anjalari raja pêjah pintên-pintên. Awit saking punika para sêpuh ngibaratakên: wêdaling wuwus punika kados saupaminipun pêsating jêmparing, manawi sampun lumêpas, botên sagêd wangsul ing gandhewanipun.

12. Sarèhning agêng bêbayaning wuwus, milanipun wontên darma wasita ingkang marsitakakên: tiyang punika prayogi sampun kathah-kathah wêdaling ginêm. Gambaranipun: Wicantên punika upami salaka, dene kèndêl upami kancana. Botên wontên tiyang gêtun saking anggènipun kèndêl, wangsul ingkang kathah wicantênipun, ngadat kacirèn kathah doranipun.

13. Pitutur kasêbut ing nginggil punika wau, tumrapipun ing jaman sapunika, kawastanan ing kathah sampun kina, pantêsipun namung sumimpên ing gêdhong musiyum Sana Budaya ngriku. Awit kabêtahanipun jaman sapunika kêdah sugih ginêm, langkung malih tumrapipun para ahli bêgandring, kêdah purun ginêman ingkang moncèr, ngandhar-andhar angêndhukur, pangangkahipun sampun ngantos kawon bêbantahan, sagêda mênang anggènipun dhebat-dhebatan.

14. Inggih ta, rèhning jamanipun sampun santun inggih môngga kemawon, jêr sintên ingkang kuwawi anduwa jaman, wontênipun inggih namung tumut lumembak ilining jaman. Nanging sanajan makatêna, piwulangipun tiyang sêpuh ugi taksih kêdah dipun èngêti, kados kasêbut ing Wulangrèh, Sêkar Wirangrong, kula pêthik matên:makaten.

--- 7 ---

dèn samya marsudèng budi / wêweka dipun waspaos / aja dumèh-dumèh bisa muwus / yèn tan pantês ugi / sanajan mung sakêcap / yèn tan pantês prênahira //

kudu golèk masa ugi / panggenan lamun miraos / lawan aja age sira muwus / durunge dèn èsthi / aja age kawêdal / yèn durung pantês lan rowang //

rowang sapocapan iki / kang pantês kajak calangon / aja sok mêtua wong calathu / ana pantês ugi / rinungu mring wong kathah / ana satêngah micara //

tan pantês nganggo: ngawruhi / milane lamun miraos / dipun ngarah-arah ywa kabanjur / yèn sampun kawijil / tan kêna tinututan / milane dipun prayitna //

15. Miturut pêthikan wulang dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV ing nginggil punika wau, ginêm punika sanajan namung sakêcap, yèn botên prênah papan tuwin mangsanipun: kagolong sanès basa basuki. Ginêm ingkang dèrèng dipun manah rumiyin, sampun gumampil kagêlarakên, sisip sêmbiripun dados basa ingkang botên basuki. Tiyang ginêman punika kêdah mawang sintên ingkang dipun jak ginêman, lêpat-lêpat sagêd dados basa botên basuki.

16. Wontên malih kasêbut Sêrat Wedhatama, yasan dalem Kangjeng Gusti M.N. IV. Suraosipun: Tiyang punika kêdah nyumêrêpi rasa, sampun ngantos gonyak-ganyuk anglêlingsêmi, sampun anggêga kajêngipun piyambak, sampun ugêr

--- 8 ---

guru alêman, sampun lumuh kawastanan bodho, sampun ginêman angrômbra-ômbra ingkang botên kaprah. Awit tiyang ingkang makatên punika pratôndha mudha pingging.

17. Dados tiyang badhe ginêman punika têtela botên gampil, kêdah ngatos-atos panganggening basa utawi ukara. Kêdah purun amarsudi pintên-pintên warni babagan kasusastran. Kados ta:

Ha, Nyumêrêpi têgês tuwin lênggahipun têmbung satunggal-satunggal.

Na, Sagêd mapanakên unggah-ungguh tuwin yuda nagari.

Ca, Sagêd adamêl ukara ingkang sakeca karaosakên.

Ra, Sagêd anggubah karangan ingkang damêl karênaning manah.

Ka, Sagêd ngrakit ungêl-ungêlan luwês runtut, cêtha suraosipun.

Da, Mangrêtos ingkang kawastanan karangan gancaran, padhalangan, sêkaran sarta guritan.

18. Baut ing basa punika sayêktosipun dhêdhasaran, ngantos katêmbungakên kawahyon, kêdah kêdhawahan pulung kapujanggan. Nanging pamanah kula kasusastran punika inggih kenging dipun prasudi, sanajan botên sagêd anggayuh drajad pujôngga. Langkung malih tumrap para guru sakolah, prayogi botên nganggêp dhasar mênang kalihan ajar, prayogi kawalik: ajar sagêd ngawonakên dhasar. Tandhanipun lare ingkang suwau botên ngrêtos pa pincang, sarêng sakolah inggih lajêng sumêrêp ing sastra, petang tuwin kawruh sanèsipun.

--- 9 ---

19. Basa punika kathah pêcah-pêcahipun. Tumrap para ingkang mrasudi kawruh basa, sadaya wau kêdah dipun gilut, dipun gêladhi. Kados ta:

Ha, Ingkang kawastanan têmbung lingga, andhahan, sapangrimbagipun. Kasêbut ing sêrat paramasastra.

Na, Bab têmbung ngoko, krama, krama inggil, madya, ngoko andhap, sapanunggilanipun, kados ingkang kawrat ing buku unggah-ungguhing têmbung Jawi.

Ca, Pinangkanipun têmbung: jarwa, kawi, têmbung-têmbung mônca ingkang kasrambah ing basa Jawi sacêkapipun.

Ra, Têmbung camboran tuwin urut gandhènging têmbung, kados ta: kiwa têngên, Sênèn-Kêmis, nom-tuwa, lanang-wadon, anak-bojo, sapanunggilanipun, sampun ngantos kawalik dados: têngên-kiwa, Kêmis-Sênèn, salajêngipun, mindhak botên gêsang raosipun.

Ka, Uungêl-ungêlan purwakanthi, punika kenging kapilah dados tiga:

a. Purwakanthi swara, upami: titi gung, kodhok ngorèk banyu agung, dara muluk dhuwur panggung (lagoning lare). Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati (saloka). Dirajang kaya brambang, dikêthok kaya lombok (ngujar-ujari). Mangan salak tèk sêpuluh, aja selak kèh sing wêruh (sênggakan Gêndhing Anglèng).

b. Purwakanthi aksara, upami: caritèng kuna kêni kinarya tuladha. Bangsal gêng balungan balok balaka. Kadêrêng kudu andarung, darunaning wigêna.

c. Purwakanthi têmbung, upami: Rago putra, putra Madrim ri Nangkula. Tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasane rasa punika.

--- 10 ---

Da, Wangsalan.

a. Kaikêt sêkar Salisir, upami: Ancur kaca, pêksi langking môngsa sawa, rasakêna yèn lagi nandhang dêduka. Tiris mudha, wahana sabdèng pandhita, nora mukir dhasar wus kapara nyata.

b. Kaikêt ing sêkar Macapat, upami: Jirak pindha munggwing wana, sayèng kaga we rêkta kang muroni, sinambi kalane nganggur. Wastra tumrap mastaka, pangikête wangsalan kang sêkar pangkur, ...

Ta, Parikan, punika wangsalan tumrap basa gancaran, kados ta: wudun bumi (= gunung), pinggir ambèn (= waton), balung pakèl (= pêlok).

Têmbung: parikan, punika purba saking lingga punapa. Punapa saking: parik, ingkang têgêsipun = larik, utawi punapa saking: pari = pantun. Ing basa Mêlayu wontên ikêtan basa ingkang kawastanan pantun. Punapa kintên-kintên tunggil asli kalihan parikan. Punika namung nyumanggakakên para sarjananing basa Mêlayu.

Sa, Cangkriman, sabôngsa kalihan wangsalan sarta parikan, gunanipun namung kangge omong-omongan, upami:

a. Bocah cilik, ikêt wulung klambi abang. Ora mudhun-mudhun, yèn ora kapalên bokonge.

b. Cangkriman wancahan, kados ta: pakboletus, wiwawite, lêsba: dhonge, ja: tos, lêmpuk, pakbo: mba, pakla: wa, pakpeyut.

--- 11 ---

Wa, Paribasan utawi bêbasan, punika kathah sangêt. Kawrat ing sêrat saloka paribasan. Kados ta: Kêtiban tai baya, gêcul kumpul ambidhung api rowang, wong busuk kêtêkuk wong pintêr kêblingêr.

La, Saloka, punika saèmpêr bêbasan, namung sinawung pasêmon, botên wantah kados paribasan, upami: Êdom sumurup ing banyu. Uyah Kêcêmplung sêgara. Tumbu oleh tutup. Kandhang langit kêmul mega. Sumur lumaku tinimba.

Ing basa Melayu ugi wontên ingkang kawastanan, sêloka, wujudipun piwuLang kadhapur nyayian, pinangkanipun saking basa Hindhu. Dados botên sami kalihan saloka Jawi. Namung kenging katamtokakên tunggil aslinipun.

Pa, Côndra, gambaraning kawujudan ingkang adi pèni, kados ta: Asta anggandhewa gadhing, Rema mêmak ngendrawila wilis. Athi-athi ngudhup turi. Larapan nyela cêndhani.

Kosok wangsulipun punika: ceda, gambaraning wujud awon, upami: bathuk anjêruk purut, dhadha mungkal gêrang, mripat ngolik.

Dha, sanepa (têtandhingan) kados ta:

Awoning namanipun arum jamban (= bangêr).

Tatunipun arang kranjang (= kathah).

Manahipun landhêp dhêngkul (= kêthul).

Plajengipun lonjong mimis (= kêplêng).

Ja, Pêpindhan (ngibarat) kados ta:

Sarira waringin (= ngayomi).

--- 12 ---

Katon wrêjit cacing (= anggilani).

Katon cêpaka sawakul (= ngrêsêpake).

Petruk dadi ratu (= ngaji pupung).

Ya, Praceka, kados ta:

a. Tumrap watak: Ambuntut arit (= Botên burus manahipun. Nyumur gumuling (= Botên sagêd simpên wadi). Atumbak cucukan (= Abên-abên).

b. Mathi tuwin cirining kapal = Satriya pinayungan, Rajêk wêsi, Baya kêpêthuk.

c. Candraning môngsa = Soca murca sing ngêmbanan. Bantala rêngka, Suta anut ing bapa, Waspa kumêmbêng jroning kalbu.

d. Pradikaning tiyang minum: Eka padma sari, Dwi amartani, Tri kawula busana, Catur wanara rukêm.

Ma, sêsêmon ingih punika ungêl-ungêlan ingkang kadhawahakên dhatêng sanèsipun ingkang tinuju, Kados ta:

Blumbange ayake kêbak, kodhoke têka ngorèk bae (= Nyemoni tiyang kumruwuk wuwusipun).

Wis sore, srêngengene rak wis ngarêpake surup (= Nyêmoni tiyang sepuh ingkang botên rumaos sêpuhipun).

Kucingku pijêr gandhik, saiki yake busung (= Nyêmoni marunipun).

Ga, Cêcampah, nyêlani tiyang ginêman, mratelakakên botên rêna manahipun, kados ta:

Bok susur, ora gumun, desa wae ana, golèk pêndhok. [pê...]

--- 13 ---

[...ndhok.]

Ba, Paprênesan, ginêm sêmbranan, upami: Wah anjêjak, sak sayahe, turut usuk, o mbako.

Tha, Pralambanging nagari, damêlanipun pujôngga, côndra kawontênaning praja utawi panggalihanipun panjênênganipun nata, kados ta:

Jênggala: Caturana sêmune sagara asat.

Majapait: Macan galak sêmune curiga kêthul.

Salajêngipun Dêmak, Pajang, Mantaram, Surakarta, Ngayogyakarta, wontên pralambangipun sadaya.

Nga, sangkalan, ungêl-ungêlan atêgês angkaning taun Icakakala (= jamanipun prabu Isaka ing tanah Hindhu). Kados ta:

Nir wuk tanpa jalu = 1000 (Pustakaraja = 1).

Swara gati ngèsthi gusti = 1857.

Ngraos mangsanipun ngèsthi Gusti = 1866.

Punika nama sangkalan lômba. Wontên malih ingkang kawastanan sangkalan mêmêt wujud gambaran tarkadhang gampil dipun waos tarkadhang angèl sangêt.

Kajawi ingkang kasêbut ing aksara Ha dumugi Nga, punika wau wontên malih kawastanan isbating ngèlmu. Inggih punika bêbundhêlanipun ngèlmu kasunyatan, sanajan kathah tiyang ingkang botên ngangge ngèlmu kados makatên nanging ing sêrat makatên asring kasêbut, dados prêlu dipun sumêrêpi sawatawis, supados manawi mrangguli botên linguk, kados ta: Bumi pinêtak, banyu kinum, dahana binakar, pawana tiniyub.

20. Parêpatan, sadaya ingkang sampun kula aturakên wau prêlu sami dipun sinau dhatêng para ingkang ulah basa basuki. Ewadene yèn [yè...]

--- 14 ---

[...n] namung punika wau kemawon inggih dèrèng nyêkapi. Kêdah dipun rangkêpi malih pamardining manah, wêwatakan sae, pamêkaking hawa napsu tuwin angkaraning indriya. Awit puluh mumpunana sakridhaning basa kasêbut wau, manawi botên gadhah kasabaran inggih tanpa damêl.

21. Mênggah wêwatakan punika ingkang prayogi kêdah kapara andhap asor, sampun ngantos kumêdah luhur ing samubarang prakawis, nanging inggih sampun tilar dugi prayogi. Ngandikanipun sarjana: lair iku utusaning batin, nunggil raos kalihan solah bawa tuwin wicara punika dados titikaning watak. Wasitaning Wulang Rèh makatên:

mapan watêking manungsa / pan katêmu ing laku lawan linggih / solah muna-munènipun / pan dadi panêngêran / kanga pinter kang bodho miwah kang luhur / kang asor lan kang mêlarat / tanapi manungsa sugih //

ngulama miwah maksiyat / wong kang kêndêl tanapi wong kang jirèh / durjana bêbotoh kaum / lanang wadon pan padha / panitike manungsa wêwatêkipun / apadene wong kang nyata / ing pangawruh kang wus pasthi //

tinitik ing solah muna / lawan muni ing laku lawan linggih / iku panêngêran agung / winawas ginraita / pramilane ing wong kuna-kuna iku / yèn amawas ing sujanma / tan kongsi mindho gawèni //

--- 15 ---

22. Wontên malih watak sae, inggih punika barès, botên purun wicantên lêlamisan sêsaminipun. Tiyang ingkang sampun anglampahi dora, têmahan botên pinarcaya wicantênipun. Pramila sumôngga sami nêbihi doracara, murih lastantuna kasaktènipun. Mênggah ingkang nama kasaktèn punika botên namung kadikdayan kanuragan kemawon. Satundha sabilik-bilik. Kadosdene kula mungal-mungêl wontên ing parêpatan, panjênêngan sami karsa mirêngakên, punika wujuding kasaktèn kula. Saupami kula botên gadhah kasaktèn, tamtu panjênêngan tilar kondur, kula kantun piyambak plingak-plinguk.

23. Parêpatan kula badhe ngaturakên dongèng, kasêbut wontên ing Sêrat Pustakaraja. Kacarios wontên sujanma ing dhusun. Kinasihan ing dewa, pakaryanipun dèrès arèn. Pandèrèsipun botên mawi mènèk. Wit arèn dipun gayuh lajêng tumêlung. Sarêng bumbung sampun kapasang, wangsul jêjêg malih. Samantên ugi manawi badhe ngandhapakên lêgènipun, inggih tumiyung malih.

Satunggal dintên wit arèn têka wangkot, botên purun tumêlung. Dados ingkang dèrès kapêksa mènèk abuntut bumbung. Tumuntên sowan maharsi putri ing Rêdi Mahendra, asma Dèwi Rukmawati, aturipun: Gusti, kawula punika ngupajiwa dèrès arèn. Parmaning dewa kula kaparingan kasaktèn, sabên atrap bumbung utawi ngandhapakên, botên mawi mènèk, cêkap wit arèn kula sasmitani, lajêng tumêlung, ngantos rampung prêlunipun. Makatên salami- laminipun. Namung wiwit kalawingi, kasaktèn kula têka sirna, wit arèn botên purun tumêlung kados adat sabên. Punika punapa sababipun, mugi Gusti paringa pariksa.

Dhawuh wangsulanipun Dèwi Rukmawati: O, wruhanira Ki Dèrès sira

--- 16 ---

kadukan dening dewa linuwih, awit sira gêlêm anglakoni goroh marmane pinundhut kasaktènira.

Aturipun Ki Dèrès: Dhuh Gusti Sang Maharsi, kula botên rumaos doracara, agêngipun ambalenjani janji dhatêng sêsamining tiyang. Sampun kula èngêt-èngêt, têka botên sumêrêp pakarti pundi ingkang kagolong dora.

Pangandikanipun Sang Maharsi: Sira iku manungsa, papaning lali, ing mêngko ingsun elingake. Wingènane sore wayah surup anakira kang cilik beka, nuli sira ênêng-ênêngi arêp sira dhudhukake gangsir. Katungka têkaning wayah pêtêng, sira ora bisa andhudhuk sanalika. Esuke sira lali, dening anakira wis ora beka. Iya nyata apa ora.

Ki Dèrès matur lêrês kados pangandikanipun Sang Maharsi.

24. Wontên carios malih ing padhalangan, lampahan Baratayuda, nalika Pandhawa ayun-ayunan kalihan senapati Ngastina Bagawan Durna, botên wontên ingkang sagêd marwasa sang pandhita wau. Kala samantên wontên gajah nama Aswatama tumpakanipun ratu sarayanipun Ngastina, pêjah kadhawahan gadanipun Arya Wrêkodara. Awit saking kawicaksananipun Prabu Krêsna paranparanipun Pandhawa, para wadya kadhawuhan sami alok Aswatama mati, Aswatama mati.

Pandhita Durna mirêng alok makatên kagèt manahipun, pangintênipun putranipun ingkang nama sang wira Aswatama pêjah. Têmah kuwur manahipun, kèndêl anggènipun anglêpasakên jêmparing, ratanipun kacêlakakên barisaning mêngsah, prêlu nanjihakên loking akathah wau, namung botên angsal katêrangan ingkang patitis, kajawi namung giyak surak sarwi alok Aswatama sumyur.

Saking sangêt sihipun dhatêng putra, Bagawan Durna murugi ratanipun Mahaprabu [Maha...]

--- 17 ---

[...prabu] Yudhisthira, takèn wartos, punapa yêktos sang wira Aswatama pêjah. Kala samantên sang prabu sampun dipun kêthik Prabu Krêsna, yèn tinakenan Durna kapurih mangsuli yêktos Aswatama pêjah. Wiwitanipun Prabu Yudhisthira botên purun nglampahi dora. Mila rekanipun Prabu Krêsna, sang Puntadewa kapurih ngandika: èsthi Aswatama pêjah. Sarèhning makatên punika botên dora, Mahaprabu Yudhisthira sagah. Sarêng dipun takèni Pandhita Durna, wangsulanipun: èsthi Aswatama pêjah, panêmbahan.

Sanalika sang pandhita kantaka wontên ing rata, ical kadibyanipun, têbahan pêjah kataman jêmparing dibya. Wondene ratanipun maharaja Yudhisthira, ingkang suwau kêkêjêr botên kambah ing siti lêt sahasta, awit saking môndragunanipun sang nata. Sarêng sang nata purun ngucapakên paekan, sanalika: jlêg, ratanipun sumèlèh ing siti kados salimrahing rata.

25. Parêpatan, dongèng kêkalih ingkang kula aturakên punika dados dalil, (tôndha yakti) yèn dora punika nadyan sakêdhik, nyirnakakên kasaktèn. Nyumanggakakên panggalih panjênêngan sadaya.

Sarèhning dèrèng patos dalu, pangarsa, kaparênga kula lajêngakên sêsorah kula, sampun tanggêl-tanggêl anggèn kula damêl kêjuning talingan.

Kalawau (adêg-adêg 17 aksara: da) kula ngaturakên ingkang nama guritan. Punika ing basa Mlayu ugi wontên, namanipun gèsèh sakêdhik: goerindam, pangintên kula tunggil aslinipun. Namung kula dèrèng sumêrêp bakunipun ing kina nama guritan, punapa gurindham. Nanging wujudipun mèmpêr, inggih punika sêkaran, 4 gatra, ugi kawastanan cara Arab: sja'ir. Guritan sarta syangir [sya...]

--- 18 ---

[...ngir] punika ajêg, 4 gatra, dene gurindham trêkadhan namung 2 gatra.

26. Ing Sêrat Waradarma, karanganipun Mas Ngabèi Wirapustaka, wontên guritan, kangge mèngêtjimèngêti. karsanipun Kangjêng Gusti M.N. VI, yasa ewah-ewahan tata ngadat Jawi, kados ngandhap punika:

wong tinitah dadi cilik / panganira mung sathithik / pagaweyanira iklik / saiki linggiha dhingklik //

dhuh babo para priyayi / duwe blônja sabên sasi / pinangan lan anak rabi / muwah muwuh anyukupi //

kêna ingaran wibawa / kinamulèn ing bandara / pinadha lawan santana / gêdhe panguwasanira //

pantêse ingaji-aji / sêtya tuhu marang gusti / lambaran budine suci / saiki linggiha kursi //

yèn ana dalan kaprêgok / eba susah sira dhodhok / ngadêga bae anjongok / yèn dinangu nyêmbah sedhok //

prayoga ambuwang rema / bisa ngilangake tuma /

--- 19 ---

bara-bara arang lara / tur sarigak kaya Lônda //

Tuladha syangir (singir) = gurindham.

Alkissah demikian peri / Terseboet perkatan permaisoeri / Hai dajang pergilah diri / Panggil palembaja soeroeh kemari. //

Palembaja poen dhatang kepinggahan / Menjembah serta dengan soeroehan / Permaisoeri berkata perlahan-lahan / Boenoehken akoe si Tamboehan.//Gurindam ditulis dengan huruf Latin.

27. Parêpatan, kalawau (adêg-adêg, 19 aksara: ka) kula sampun ngaturakên bab purwakanthi. Ing basa Jawi, purwakanthi punika sêmunipun prêlu piyambak tumrapipun mangun basa basuki, awit ukara purwakanthi punika sakeca kamirêngakên, sagêd adamêl karênaning manah. Kintên-kintèn karsanipun sarjana ingkang kagungan anggit angwontênakên purwakanthi punika inggih ngangkah dhatêng basa basuki.

Punika kula mêthik sawatawis saking sêrat purwakanthi anggitanipun Mas Ngabèi Mangunwijaya, priyantun marsudi kasusastran ing Surakarta.

a. Kapiluyu kêlayu amèlu-mèlu. Anut grubyug sajatine tan wruh rêmbug. Cêkak mamak, labêting budine rupak.

Ana rina ana upa. Ana awan ana pangan. Ana rupa ana rêga. Ana catur mungkur.

Ora kêras, yèn kêris, ora anggras, yèn anggris. Aking-aking anggêr mlangkring, ampang-ampang anggêr numpang.

b. Mantranipun dhukun pijêt: niyat ingsun mijêt otot kang ruwêt, angurut bayu tan urut. Nabi Adam dandan-dandan, Babu Kawa kang tata-tata. Otot ruwêt [ruwê...]

--- 20 ---

[...t] udharana, balung putung bênêrêna. Banyu rêtna rasa mulya kabèh padha tuntumna. Tuntum mulih waluya kaya duk kuna. Rêpa-rêpa sirêp kêtiban iduku putih. Waras-waras, waras karsaning Allah.

c. Lagon dolanan lare: cêmpa rowa, pakanane dara, rowa. Cupu gêndhing dhing dhing, rowang-rawing wing wing, bung kêcebung bunggangane jaran buntung, sing nunggangi ki tumênggung, èjèg enong èjèg egung, sisir gula jênang jagung.

d. Pangudangipun êmbok êmban dhatêng dara ajêng momonganipun: kêmbang otèk kêmbang jagung, mong thik mong, dhasar ayu lêngkung-lêngkung, mong thik mong imba jait amalêngkung, mong thik mong, rema mêmak nyêkar bakung, mong thik mong, ing besuk krama tumênggung, mong thik mong.

e. Pangudangipun biyung dhusun dhatêng anakipun èstri: prawan sunthi gêlunge gêdhe kêmiri, yèn lêngan lênga sakopi, andêlèwèr thili-thili, tumane sababi mati, digitês krungu Bêtawi.

f. Sênggakan gerongan: kêmbang lompong, ngantèn anyar gêbêg pêndhok, pêndhok pesok kêtungkul nyawang sing wedok, kêmbang blimbing, wadana sumunar kuning, dhasar wingwing yèn busana sarwa ramping. Kêmbang bakung, wadana jênar ngênguwung, angêrangkung yèn lêlewa karya gandrung.

g. Tantang-tantanganipun lare èstri kêrêngan: dhèndhèng wêlut dibakar gênine mrambut, aja mrêngut, nyata wani ayo gêlut. Dhèndhèng ucêng dibakar gênine arêng, aja grênêng nyata wani ayo ulêng. Kêmbang jarak, kayu

--- 21 ---

alus garan tumbak, lendhah-lèndhèh padune wong arêp olèh. Cêngkir wungu, wungune kêtiban daru, wus pasthimu kowe uwal karo aku.

h. Sêndhonipun badhud barangan: irêng-irêng ketok untune, grênang-grênêng karo mantune. Cao wutah mowat-mawut, botoh kalah anjalêbut. Wedang bubuk gula jawa, ora mathuk klewa-klewa. Wayah sore mlaku-mlaku, adol bagus ora payu.

i. Guritanipun tiyang ambarang kêntrung: ginurita pêrawane wong Kauman, esuk-sore padha dandan, baut ngaji Kitab Kur'an, akèh jaka kang kedanan, nanging arang kang katampan. Sun gêgurit parawane wong ing Balong, esuk-sore ridhong-ridhong, wêdi gawe dhêmên omong, tangi-turu mung mêndongong, yèn mangan êntèk rong tenong.

j. Wangsalan sindhènipun talèdhèk: nata dewa, lumarap ing diwangkara, tanpa nendra, yèn ana êsiring nala. Carang gora, gêramèh gung ing narmada, dèn dumêling, dènnya mulat sipatira. Daya brama, brahmana nagri Ngastina, aja lanas, yèn tan wruh darunanira.

Punika ingkang limrah, wêkasaning gatra dhawah lêgêna. Nanging dhawah swara sanès inggih kenging, anggêripun angsal purwa kanthinipun. Dene wangsalan ingkang awon, kados ta: paga kayu, dongèng wayang wiji sawo, aja wêgah anglakoni kabêcikan.

k. Bundhêlaning ngèlmu: amongat, amrat, kamrat, mawrat, makyat.

--- 22 ---

1. Amongat, wataking surya: madhangi. Pikajêngipun: ngulat-ulatakên: ingatasing batos: èngêt.

2. Amrat, wataking bumi: nyôngga. Pikajêngipun: ngêmbat, ambobot. Batos: mantêp, santosa.

3. Kramat, ambêking angin: kamot, maratani. Batos: têmên.

4. Mawrat, ambêking sagantên: momot. Batos: sabar, botên pradulèn.

5. Makyat, ambêking langit: mêngku, ngayomi. Batos: rumêksa.

l. Wêwaton ambêking ratu: sama, beda, dana, dhêndha.

1. Sama, pêparingipun wontên pasamuwan waradin, racak.

2. Beda, pamatahing karya mawi kapilih tiyang ingkang undhagi ing bab punika.

3. Dana, wadya ingkang gadhah lêlabêtan agêng kêdah kaganjar, murih dados tuladan.

4. Dhêndha, dhawahing adil jêjêg, nadyan santana kêdah katrap.

m. Ambêking pêpatih: guna, kaya, sura.

1. Guna, sugih kasagêdan.

2. Kaya, sagêd ngêdalakên pangasilaning praja.

3. Sura, wani, kêndêl wêwaton lêrês.

n. Kabêgjaning agêsang: kabrayan, kahartan, kawiryan, kayuswan.

1. Kabrayan, sugih putra wayah.

2. Kahartan, sugih yatra.

3. Kawiryan, gadhah drajat.

--- 23 ---

4. Kayuswan, umur panjang.

Punika prayogi kangge asung pamuji dhatêng pangantèn.

o. Utamining agêsang: curiga, wisma, wanita, turôngga.

1. Curiga, gadhah dhuwung Majapahit mrabot. Ngibarat watak landhêp, lantip.

2. Wisma, gadhah griya agêng mirantos, ngibarat: momot, sabar.

3. Wanita, bojonipun trah Kartiyasa miturut. Ngi: alus ing budi.

4. Turôngga, tumpakanipun Margawati, sae marthinipun. Ngi: rosa, santosa.

p. Sambekalaning agêsang: madat, madon, main, minum, mangani, maling, mamada.

Wontên malih: nistha papa, dora sangsara, dhustha lara, niaya lina.

q. Kawruh kasampurnan: atas, titis, tatas, putus, layap liyêp, luyup.

r. Kabêtahanipun jêjaka: bobot, bèbèt, bibit, ayu, ayom, ayêm.

s. Cacading tumuwuh: nistha, dhustha, dora, drêngki, angkara, candhala.

28. Pangarsa, atur kula mèh dumugi pungkasan, minôngka panutup, kula badhe ngaturakên têmbung: kawi.

Kawi punika saking têmbung kina: kakawin, têgêsipun têmbang. Kabucal sêsigêgipun, sarta kacêkak dados kalih wanda, miturut watak-wantunipun têmbung Jawi. Panunggilanipun: paksi, saking paksin = kang mawa paksa (swiwi). Mantri, saking mantrin = kang duwe [du...]

--- 24 ---

[...we] mantra (kawruh). Sasi, saking sasin = kang ana sasane (truwèlu) awit rêmbulan punika kados mawi gambaran truwèlu. Kintên kula têmbung santri, punika ewah-ewahanipun sastri, saking sastrin = kang ngêrti sastra (buku-buku).

29. Bausastra (Woordenboek) kawi punika sasumêrêp kula warni 2, yasanipun Tuwan Winter nama: Bausastra Kawi Jarwa, kalihan yasanipun Tuwan Juungboll nama Oud Javaansch woordenlijst. Buku kêkalih punika anggènipun nêgêsi têmbung-têmbung wontên ingkang cocog, wontên ingkang ragi gèsèh, wontên ingkang sulaya babar pisan. Dene mathukipun: Bausastra Winter punika kangge nêgêsi sêrat-sêrat sêkaran yasan enggal, wiwit jaman Mantaram sapriki, upami Sêrat Ajipamasa. Bausastra Juungboll kangge nêgêsi têmbung-têmbung ing sêrat kawi (Jawi Kina), kados ta: Ramayana, Arjuna Wiwaha.

30. Satunggal malih ingkang badhe kula aturakên. Dumugi môngsa punika taksih wontên têmbung camboran, ingkang pangrimbagipun cara Sangskrit, kados ta:

rajaputra, yèn caraa Jawi mungêl: putraraja, dados têmbungipun baku malah wontên wingking. Panunggilanipun malih:

Pandhuputra, maharaja, dhatulaya, Partatmaja, Bayusuta, Kurupati, Dasamuka, Trijatha, Surpanaka, tuwin sanès-sanèsipun.

Samantên kemawon atur sorah kula. Kula namtokakên panjênêngan sadaya sampun sami kêju mirêngakên. Kajawi punika, yèn ta kula panjangakên malih, kuwatos saya kathah dora kula, awit atur kula ing wiwitan wau, tiyang punika saya kathah kojahipun, inggih saya kathah doranipun. Botên langkung nyuwun pangapuntên.

Ki Dwijawiyata.