Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wasitabasa, Angabèi IV, c. 1900, #1329

Katalog:Wasitabasa, Angabèi IV, c. 1900, #1329
Sambung:
1.Wasitabasa, Angabèi IV, c. 1900, #1329. Arsip dan Sejarah | Galeri #330.
2.Wasitabasa, Angabèi IV, c. 1900, #1329. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #233.

Sêrat WasitabasaJudul berdasarkan pada daftar isi.

--- 0 ---

Punika Sêrat Wasitabasa, panganggitipun Prabu Widayaka ing Purwacarita, amratelakakên têgêsipun aksara kalih dasa, ingkang awon ingkang sae, kawontênanipun kapratelakakên sadaya.

Aksara Ha, dipun wastani pôncaniti, têgêsipun gangsal prakawis ingkang dumunung wontên ing pasewakan. 1. ratu, 2. pêpatih, 3. brahmana, 4. jaksa, 5. Senapati, ingkang makatên punika pikajêngipun pasamuan gangsal prakawis. Kados ta, suka, utama, wirya, brana, manggya, inggih punika [puni...]

--- 303 ---

[...ka] kasêbut ing dalêm ngèlmi anganakakên asmaracipta, têgêsipun ebahing budi kang nyata, kanyataan wau anitika saking coraking karna, manawi têmên mirip aksara Ha, pratôndha kabêkjaningkabêgjaning (dan di tempat lain). lare badhe luhur, prayogi lajêng kaanggea nama pisan ingkang mawa aksara Ha.

Aksara Na, dipun wastani pôncarêtna, têgêsipun sêsotya gangsal prakawis. 1. intên, 2. mirah, 3. capaka, 4. nila, 5. jumêrut, mratandhani asal saking rahsa jati, dados kaananing cahya gangsal warni, kêkuwataning sarira, kados ta cahya pêthak, andamêl kuwating bêbalung, cahya abrit andamêl sêgêring otot, cahya jênar andamêl wulêding kulit, cahya cêmêng andamêl sêrênging guwaya sarta napsu, cahya dadu andamêl kakaging kulit, kuku, wulu.

Aksara Ca, dipun wastani pôncakara, têgêsipun têtukaran gangsal prakawis, karana majêng saking lesan.

--- 304 ---

Majêng saking pangucap, majêng saking gêgaman, majêng saking gêbag, majêng saking bêbalang, sadaya punika tarikaning napsu amarah, badhe anglabêti watêkanipun lare.

Aksara Ra, dipun wastani pôncakumara, têgêsipun arah-arah gangsal, kados ta arah kidul, wetan, lèr, kilèn, têngah anggayut ngandhap nginggil, pêcahipun winastan uruh sarta kijab, inggih punika kijab toya, êbun, watak sugih rijêki, 2. kijab guntur watak boros, 3. kijab latu watak larang putra.

Aksara Ka, dipun wastani pôncadriya, têgêsipun paningaling budi gangsal. 1. paningaling netra, 2. pamirêng, 3. panggônda, 4. pamicara, 5. pangrasa, dados saupami coraking karna mirib aksara Ka, adat kadunungan waskitha utawi lantip, sugih kawignyan.

Aksara Da, dipun wastani pôncasona, têgêsipun gangsal prakawis. 1. gêsang saking bumi, 2. gêsang saking latu, [la...]

--- 305 ---

[...tu,] 3. gêsang saking angin, 4. gêsang saking toya, 5. gêsang saking surya, pikajêngipun ingkang katitik coraking karna aksara Da, ngadat kathah kabêkjanipun. Kêrêp pêjah kêrêp gêsang, sanadyan watakipun tuhu, mawi kapara ugungan.

Aksara Ta, dipun wastani pôncasura, têgêsipun kawanèn gangsal prakawis. 1. purun malarat, 2. purun wirang, 3. purun lapa, 4. purun sakit, 5. purun pêjah. Gangsal prakawis wau manawi dados watak langkung prayogi, nanging kêdah maring kasantosaning budi pribadi, ingkang anyarêngi wahyanipun môngsakala, jalaran makatên punika pangluluhing agêsang.

Aksara Sa, dipun wastani pôncasuda, têgêsipun suda gangsal prakawis. 1. sudaning paningal, 2. sudaning pamirêng, 3. sudaning pamiraos, 4. sudaning badan, 5. sudaning otot. Mila dipun basakakên suda wau kirang, ingkang katitik coraking karna aksara Sa, punika kêdah angatos-atos sabarang budi, manawi [ma...]

--- 306 ---

[...nawi] dumadi jalu têka langkung prayogi, awit sagêd ambirat ingkang katôndha ing ngriku.

Aksara Wa, dipun wastani pôncawara, têgêsipun ngangge tingkah gangsal prakawis. 1. sarana saking bôngsa sarat, 2. bôngsa usada, 3. bôngsa môntra, 4. sarana saking damu, sarana saking idu, pikajêngipun ingkang katitik coraking karna aksara Wa, adat sagêd angusadani sêsakit, utawi sumêrêp dhatêng ngèlmi padhukunan.

Aksara La, dipun wastani pôncawora, têgêsipun wijiling prahara, inggih punika napas. Manawi wijiling angining jagat, kados ta saking wetan kidul kilèn lèr têngah anggayut ngandhap nginggil, bilih anginipun badan, wetan punika napas ingkang dhatêng lesan, kidul napas ing grana, kilèn napas ing netra, lèr napas ing karna, têngah napas ing jubur, adatipun anglabêti watak umbag umuk kumalungkung, sabarang catur bodho, [bo...]

--- 307 ---

[...dho,] mila ing ngriku prayogi dipun awas.

Aksara Pa, dipun wastani pôncawada têgêsipun cacat gangsal prakawis. 1. cacat paningal, 2. cacat pamiyarsa, 3. cacat pamicara, 4. cacat badan, 5. cacat polah, pikajêngipun ingkang katitik saking coraking karna aksara Pa, punika sarwa kuciwa kemawon, têtela botên sae, tuwin tuna budi, nanging sagêd ambirat cacat wau.

Aksara Dha, dipun wastani pôncaweda,pôncawedha. têgêsipun jêmparing latu, jêmparing angin, jêmparing pangabaran warni-warni, mênggah pikajêngipun jêmparing punika, kalêpasan utawi kawaskithan. Lêpas punika budi, waskitha punika cipta, punika ugi saking panariking budi sadaya, dados dumunung ing napas, tan napas, ampas,anpas. nupus. Sarêng kapantogakên dados satunggal, angwontênakên kaananipun dat mutlak ajali abadi, adatipun anglabêti wêwatêkan wau.

--- 308 ---

Aksara Ja, dipun wastani pôncabakah, utawi jantung, têgêsipun parbutan gangsal prakawis. 1. parbutan rukmuka rukmakala, 2. parbutan rukmi rukmini, punika asal saking sêsotya sadaya, 3. parbutan kadya kadyawa, punika sami asal saking èstri, parbutan kawruh ngèlmi, parbutan ungguling pangawikan. Ingkang katitik coraking aksara Ja, adat karêm dhatêng parapadu.

Aksara Ya, dipun wastani pôncamaya, inggih punika cahya, ingkang gumilang-gilang, darbe sorot gangsal warni, 1. sorot cêmêng mêlês, 2. sorot abrit sumirat kados wijiling baskara, 3. sorot jênar kados pratima kancana, 4. sorot pêthak maya-maya kados pêputran dênta, sêsotya môncawarna, inggih punika pralambang alihanipun sipating pôncadriya, tuhu dumadi tunggal. Ing ngriku amimbuhi ingkang adi watêk paramarta, ingkang minôngka parabot amung kêkêncênganing budi sukci sajati.

--- 309 ---

Aksara Nya, dipun wastani pôncabaya, têgêsipun bêbeka gangsal prakawis, ingkang dahat mutawatosi, kabekan saking gêgaman tuwin bôngsa lêlandhêp. Beka saking siyung, antup, sapanunggilanipun, beka saking wisa upas sapanunggilanipun. Beka saking kagèt, gugup sapanunggilanipun. Beka saking rêncana karêbahan kajêng sapanunggilanipun. Pikajêngipun kasêbut ing nginggil wau, sadaya punika inggih dados watak, utawi apêsipun badan. Têgêsipun suka andamêl pitênah dhumatêng sêsami.

Aksara Ma, dipun wastani pôncabayu, pikajêngipun ingkang sami dipun akên putranipun Bathara Bayu punika gangsal. 1. wanara seta, ingkang nama Kapi Anoman, ing ngriku amratandhani sukcining manah, raksasa ingkang nama Sang Wrêka, ing ngriku amratandhani agadhah ambêk murka kados raksasa, 3. mina ingkang nama Sasatubônda, ing ngriku amratandhani gadhah watak ngayiyit kados mina, 4. janma ingkang nama Sang Bima, ing ngriku mratandhani bilih dados kêkêncênganipun manah

--- 310 ---

kados Arya Bratasena, 5. bangsaning ardi ingkang nama gunung Parasu, ing ngriku amratandhani gadhah watak margêgêk kados rêdi Parasu, mila watak gangsal prakawis wau, yèn awon sakalangkung awon. Yèn pinuju sae sakalangkung saenipun, yèn thukul kêkêncênganing manah inggih sakalangkung mantêp. Gangsal bab wau anglêbêti wêwatêkanipun ingkang katitik coraking karna aksara Ma.

Aksara Ga, dipun wastani pancatnyana, têgêsipun maras gangsal prakawis. 1. maras saking panyana-nyana, 2. maras saking gêgaman, 3. maras saking sêmang-sêmang, 4. maras saking êmar, 5. maras saking ajrih, gangsal bab wau amratandhani aliting manah, punika lajêng angêkahi wiradat, têgêsipun pakarti saking pangajaran. Yèn dhasar matêng antêping manah, sagêd ambirat ing kawatiran wau, têmah thukul santosaning budi, gangsal bab wau anglabêti watêkipun ingkang katitik coraking karna aksara Ga.

Aksara Ba, dipun wastani pôncamana, têgêsipun pramana [pra...]

--- 311 ---

[...mana] gangsal prakawis. 1. paningal, 2. pandulu, 3. pandêlêng, 4. uninga, 5. pangèksi, wijangipun, paningal punika kawistara ing netra, pandulu punika pamawasing netra, pandêlêng punika kasatmata saking parêk, uninga punika awasing budi, pangèksi punika sumêrêp abên ajêng, pikajêngipun ingkang katitik saking coraking karna aksara Ba, angsringasring. waskitha ing budi.

Aksara Tha, dipun wastani pôncagati, têgêsipun napsu gangsal prakawis. 1. napsu arda, saking panarikipun cahya abrit, inggih punika napsu amarah, 2. napsu weya, saking panarikipun cahya cêmêng, inggih punika napsu aluamah, 3. napsu warga, saking panarikipun cahya jênar, inggih punika napsu supiyah, 4. napsu jatmika, saking panariking cahya pêthak, inggih punika napsu mutmainah, 5. napsu rewa, inggih punika cahya môncawarni, pikajêngipun titikan aksara Tha, ngadatipun watak rêmên salenca ing panggalih, amratandhani botên tuwajuh

--- 312 ---

ing budi.

Aksara Nga, dipun wastani pôncajanma, têgêsipun sipat gangsal. 1. sipat warni, pikajêngipun badan, 2. sipat kawula, pikajêngipun awak kawula punika, 3. sipattollah, pikajêngipun awaking Suksma, 4. sipat sajati, pikajêngipun dumèh anggadhuh rahsaning dat kang wisesa, 5. sipat êngam, pikajêngipun dene taksih kenging ewah gingsir, inggih punika pikajêngipun ingkang katitik aksara Nga, ing ngriku badhe amratandhakakên kaananipun piyambak, yèn ing lairiyahipun watak majêng ing karya, saha watak botên purun kalepetan ing pandamêl awon.