Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Warnasari, Padmasusastra, c. 1925, #255

Katalog:Warnasari, Padmasusastra, c. 1925, #255
Sambung:-

Warnasari

--- 0 ---

Candraning warna ... b.lz 1 / Côndrasangkala ... b.lz 10 / Cangkriman ... b.lz 15 / Rura Basa ... b.lz 20 / Triwarna ... b.lz 23 / Sanepa ... b.lz 27 / Saroja ... b.lz 32 / Silihan ... b.lz 42 / Saloka ... b.lz 45 / Paribasan ... b.lz 50 / Purwa madya wasana ... b.lz 53 / Namaning pujôngga sarta namaning sêrat-sêrat karanganipun ... b.lz 66 / Dhakon ... b.lz 85 / Gandhènging basa ... b.lz 95 / Buddha: Rama Kêling ... b.lz 122

--- 0 ---

Sêrat Warnasari

--- 1 ---

Côndra J.Z. II. 67-4. v.o.

Candraning warni punika ingkang kathah pangrêngga sarta pangalêming tiyang jalêr kedanan dhatêng tiyang èstri, isining bumi langit kalêbêt sato kewan sarta cêcukulan kadamêl pêpindhaning warni, kados ta:

a. isining bumi saking pêlikan, enz: waja kadya mirah sinundukan B.T.D. 465-1

b. isining langit, surya, côndra kartika, alis nanggal sapisan

c. saking pêpindhaning sato kewan, tindak ngêmacan lupa

d. saking pindhaning cêcukulan, sinom angudhup turi

sapanunggilanipun, ingkang sampun pinanggih sampun dipun kalêmpakakên sarta sampun dipun urutakên dêntawyanjananipun katunggilakên kalihan sêrat wadari basa punika, sapunika dipun kalêmpakakên malih katunggilakên dados satunggal kados ing ngandhap punika:

Ing ngandhap punika kalêmpaking têmbung côndra sawatawis, kados ta:

untu: Waja lir sotya ranipta,rinipta. rêntêt runtut adhamis, Tjemp.; Waja wangun lir tètèsing toya id.; Waja anglaring kombang mêngês arêntêt manis, id.; Waja amiji timun, id.;

--- 2 ---

Waja kadya mirah sinundukan B.T.D. 465-1.

irung: grana rungih Tjemp; grana sêdhêng angrêrungih pindha kêncana pinatar id.; grana kadi canthiking baita (ratu buta)

idêp: idêp tumênggèngtumêngèng. tawang L.M.o. andêkung S.H.

èsêm: èsême pait kilang

awak: sarira jênar ambêngle keris

ulat: ulate andamar kanginan M.B.; ulat ringas kaya mênjangan mambu obat

alis: lungiding alis kawangwang L.M.; imba têpung ngapurancang (Wêrkudara); alis mêlês ngalela; alis mênjangan milar; alis anjait milangoni; alis malêngkung ngroning imba; alis nanggal sapisan, B.T.D. 465-1

athi-athi: athi-athi ngudhup turi of mênur; athi-athi gêgancêngan otot wilis L.M.o.; turut taritip S.H.

naomi, tiyang ayêm, K.S. 139-8

nêpsu:

--- 3 ---

mobat-mabit pindha dirada mêta.; ngamuk liwung kaya banthèng kêtaton.

cahya: cahya andiwangkara.

cêthik: cêthik anyupit urang.

cangkêm, tutuk dhamis, S. H.: tutuk kadi lawanging gua, (ratu buta)

rai: Wadana pindha wulan, B.T.D. 464.2.v.o.; Wadananipun abrit dadoskados. rah, id 426-8 v.o.; Kang wadana lêkêr pindha sasi, S.H.; Wadananipun katlorong soroting raditya ing wanci sontên, gumêbyar kadi wulan purnama nêdhêng andhadhari id 465-3 v.o.; Dhasar sulur ingkang wadana L.M.

rambut: rema mêmak ngendrawila wilis, Tjemp.; rema kêtêl cêmêng, B.T.D. 465-2.; rema ngêmbang bakung.; rema ngombak banyu.; rema ambalarak sêmpal.

kuning: kuning wênês, Tjemp.; kuning nêmugiring.; kuning kincling-kincling.; kuning mêncêning.

kuku:

--- 4 ---

kênaka lir mas kentir of luru.; kênaka mawa cahya pating krêlip.

kulit: kulit angulit langsêp, nyapaka gadhing, S.H.

kuping: karna lir simbar rumêmbun.; karna andala pawohan.; paparadaning karna S.H.; karna madya kêngkêng atipis S.H.

Kamêl: kamêl mêmêt araras.

dariji: dariji mucuking êri.; dariji mucuking kacang, D. M.; dariji mirib roning tilarsa.

dêdêg: dêdêg angronje nawang rum.; dêdêg pidêgsa, milangoni S.H.; dêdêg rêspati B.T.D. 465.3

dalamakan: dalamakan sapisang êmas.; dalamakan pindha sangsangan.; dalamakan sajari miring (padhalangan).

tangan: asta anggandhewa gadhing Zie bau.

sinom: sinom angron sumêmi.; sinom angudhup turi.;

--- 5 ---

sinom amicis anjrah L.M.; sinom amicis wutah M.B.; sinom arompyoh-rompyoh.

sikil: pada amuluh gadhing.; pada lir wrat sari, kadya ginrinda S.H.

susu: pambayun angênyu dênta.; bongoh kang payudara S.H.; sengoh ing pambayun L.M.; mandul-mandul ingkang payudara.

swara: swara lir sundari kamarutan.; swara rênyah amanis.; swara gilik araras.; gêrêng-gêrêng kaya buta môngsa daging.

simbar dhadha: simbar jaja palawangan (Wêrkudara).

sogokan: sogokan anglunging pakis.; sogokan mangima manda gêdhah angêndhanu raras.

wadidang: wadidang andindang lungit.; wadidang nglêngkèh anglungit.

wang: kadi jinôngka, wonga-wonga ngênguwung, S.H.

laku: mangu kadung yèn lumaris (Sumbadra) Tjond. R.;

--- 6 ---

tindak alon angruji timun.; tindak ngêmacan lupa, glenoh-glenoh S.H.; tindak lêngkèh-lêngkèh kaya macan luwe.

lambe: lathi dhamis anggula sathêmlik Tjond. R.; lathinya anyigar jambe.; cabik-cabiking lathi L.M.; lathi lir manggis karêngat.; lathi abang mèngèr-mèngèr.

lembehan: lembehan mêrak kasimpir P.I. 23.10 v.o.

lambung: lambung kadi sêkar kintaka Tjond. R.; lambunge anawon kêmit L.M.; lambunge awijang.

pundhak: pundhaknya awijang L.M.; pamidhangan anraju mas, wêlar rêspati S.H.

pasêmon: pamulune manis sêmu wingit S.H. jêtmika.

pilingan: pilingan anapak palu.

pipi: pipi pêpêg ngalela S.H. sengoh marusuh; pangarasan andurèn sajuring.; pangarasan anjêruk saajar.

dhadha: jajanya awijang.; jajanya wêlar awijang.

--- 7 ---

janggut: janggut lir êmas pinatar, lir jinôngka S.H.

mata: netra jait alindri, èsmu balut; netra lir sagara muncar; netra lir intên sinarawèdi B.T.D. 464. 1.v.o.; netra lindri tajêm masopati S.H.; netranipun kados ron tunjung biru M.B. 2424; paningalipun kados roning padma M.B. 241. 3.; tingal balerèh L.M.; netra pindha baskara (ratu buta)

gulu: jôngga lumung rêspati; jôngga kêkêr aturut S.H.; jôngga angolan-olan; jôngga manglung kadi mandura lumarap; jôngga anglunging gadhung, L.M.

guyu: ngakak kaya ula sawa ngupaya mêmangsan.; asta of buja anggandhewa gadhing

brotol: brotol semok kadi pancadan gambang.

brêngos: brêngos capang ngulêr gêni (Wêrkudara); brêngos capang naga anglangi (Dursasana); brêngos capang sakêpêl sisih (buta); brêngos kêtogan pindha rajêg.;

--- 8 ---

brêngos lèmèt anglam-lami.

bokong: bokong rurus araras

bathuk: palarapan lètèr arata S.H.; palarapan anatar arga, linuding bêbayu ijo

Côndra punika têmbung aran, angsal sambêtan rimbag tanduk enz. ingkang têgêsipun: upama, pangrêngga, kados ta: asta anggandhewa gadhing; warsa kusuma sumirat ( jawah sêkar sumawur)

--- 9 ---

Côndrasangkala (Sêkar Kusumawicitra)

--- 10 ---

watak I: rupa côndra sasi nabi sasadhara / bumi budha roning mèdi iku dara // janma eka wak suta siti awani / wungkulan wulani ya ta tunggal kabèh //

watak II: netra caksuh nayana sikara buja / paksa drasthi ama locana carana // karna karni anêbah talingan mata / yèn tangan nalar anêmbah suku loro //

watak III: bahni pawaka siking guna dahana / trining rana uta ujêl anauti // jatha wedha anala gni utawaka / kaya penapuyi katiga uninga //

watak IV: wedang sagara karti suci jaladri / dadi hèrnawa samodra jalinidhi // warna toya di wahana waudadi / sindu warih dik tasik catur yuga pat //

watak V: buta pandhawa tata gati wisaya / indriyaksa sara maruta pawana // bana margana samirana warayang / pônca bayu wisikan gulingan lima //

watak VI: masa sad rasa winaya gana rêtu / anggas oyag karênga pangrarasing nêm //

--- 11 ---

tahên wrêksa prabatang kilating kanêm / lo nimla tiktaknya sadura sarkara //

watak VII: ardi prawata turôngga giri rêsi / ôngsa biksu kasala himawan sapta // pandhita swara gora muni swa kuda / tungganganing gunung wiku ya pêpitu //

watak VIII: naga panagan salira basu tanu / murti kunjara gajah dipôngga èsthi // samadya manggala dirada bujôngga / brahmanastha dirada liman lan ula //

watak IX: trustha trusthi muka gapura wiwara / dyararunggu nanda wilasita rago // ludra gatra gônda lèng rong song têrusan / yèku ôngka babahan hawa sasanga //

watak X: boma sunya gagana barakan adoh / ing langit abatan windu anèng wiyat // widik-widik malêtik sinèngsirnèng. gagana // sagunging das walang koswa taksa puluh //

--- 12 ---

Côndra a J.Z. II. 283

--- 13 ---

Candraning môngsa kalih wêlas

Candraning môngsa punika anêdahakên sontan-santuning môngsa salêbêtipun sataun, wiwit môngsa kasa (satunggal) dumugi môngsa sadha (kalih wêlas) kados ta:

kasa: sotya murca ingêmbanan, punika candranipun môngsa kasa, wancinipun gêgodhongan sami gogrog, kêkajêngan sami pruthul.

karo: bantala rêngka, punika candranipun môngsa kalih, siti garing kapanasên sami nêla.

katêlu: suta manut ing bapa, punika candranipun mangsa katiga, lung-lungan sami nurut ing lanjaran.

kapat: waspa kumêmbêng jroning kalbu, punika candranipun môngsa sakawan, sumbêr sami pêpêt.

kalima: pancuran mas sumawur ing jagad, punika candranipun môngsa gangsal, wancinipun wiwit dhawahing jawah.

kanêm: rasa mulya kasucian, punika candranipun môngsa kanêm, ungsumipun wowohan nêdhêng.

kapitu: wisa kentar ing maruta, punika candranipun môngsa kapitu, mangsanipun kathah sêsakit.

kawolu:

--- 14 ---

anjrah jroning kayun, punika candranipun môngsa kawolu, mangsanaipun kucing gandhik.

kasanga: wêdharing wacana mulya, punika candranipun môngsa kasanga, wancinipun gangsir sami ngênthir, garèng sami ngèrèng.

kasapuluh: gêdhong minêb jroning kalbu, punipunika. candranipun môngsa kasadasa, wancinipun sato kewan sami mêtêng.

dhêstha: sotya sinarawèdi, punika candranipun môngsa dhêstha, wancinipun pêksi sami ngloloh.

sadha: tirta sah saking sasana, punika candranipun môngsa sadha, mangsanipun bêdhidhing.

--- 15 ---

Cangkriman

Cangkriman punika kenging kabasakakên tanpa wicalan, namung waton saêsiripun piyambak, mungêl punapa-punapa dipun kèn mêthèk têgêsipun kados ta:

kupat, durma: // he: kyaine: kêpripun wartaning dalan / ture okèh pêpati / sing panganiaya / tatune anonganèng. dhadha / binêdhèl brak trusing gigir / jiwane ilang / raga kari ngalinthing //

tuma, durma: // dêmang pringan nglurug mring giri mastaka / Rônggalawe umiring / tulang gêgapitan / pandhawa umangsah prang / buron ngarga tumpês tapis / dening Sang Arya / Sena ingkang matèni //

lêmut, durma: // ing Samarang rame padha bêbarisan / urut pinggir pasisir / sêsayap ling ôngsa / suku kadi rujita§ punapadene gurinda ? / mawa tlale tanpa gadhing / bangsaning tuma / gêlare ngrêribêdi //

jun, pucung: // bapak pucung cangkêmmu marêp mandhuwur / sabamu ing sêndhang / pencokanmu lambung kering / praptèng wisma si pucung mutah kuwaya //

--- 16 ---

Cangkriman Ôngka

1 t/m 9 = 45: 3 = 15 voorb

a. 1. 5. 9.; b. 2. 6. 7.; c. 3. 4. 8. = 45 P.R.II 40. 6 v.o.

1 t/m 15 = 120: 3 = 40 voorb

a. 1. 3. 11. 12. 13. = 40

b. 2. 4. 5. 14. 15. = 40

c. 6. 7. 8. 9. 10. = 40

Totaal 120 id 41. 1

Kerbauw 5 laki 4 fram. en 1 goedel fram = 10 kerbauw

terbagi 3

a. 2 laki 1 fram, b. 2 laki 1 fram, c. 2 fram 1 laki en 1 goedel fram id 41. 8 v. o.

--- 17 ---

Cangkrimanipun Sri Maharaja Berawa ing Mêndhang Kamulan, dhatêng Brahmana Kèstu (Bathara Wisnu) tembang kawi prawiralalita lampah 16.8.8 x 2 = 32 x 2 = 64 kados ing ngandhap punika.

tuwuh doning mudra tirta = anggèning tumuwuh têlênging toya / seta têkèng purwandaya = pêthak ingkang wit / mapatra pita laksmita = godhong jênar sumunar / sirang puspa maha rakta = ingkang sêkar langkung abrit //

mabapte kang pala krêsna = anêdhêng ingkang woh cêmêng / mèsi nandhang mancawarna = isi sêsotya amôncawarni / masa drasa mata wiswa = raos nêm prakawis dados wisa, dados jampi / taman kêna risahakna = botên kenging kapisahakên //

cangkriman wau kocupan dhatêng sang Brahmana Kèstu. sang prabu lajêng kalungsur karatonipun, ginêntosan Sang Brahmana Kèstu ajêjuluk Sri Maharaja Berawa. Zie P.R. I. 232. 6.

Wontên malih cangkriman srekalan, cangkrimaning lare, dipun kèn mêthèk têgêsipun, kados ta:

a. bocah cilik mênthik kulambi bagor: apa? ingkang sagêd mêthèk, pêthèkanipun kacang cina. Punika cangkriman wêtah. [wêtah...]

--- 18 ---

[....]

b. pakboletus, pêthèkanipun tapak kêbo ana lelene satus, of tapak kêbo bule satus: 100 = 4 x 25. punika cangkriman wancah, sapanunggilanipun. [sapanunggilanipun...]

--- 19 ---

[....]

Rura basa Gekketaal idium

Rura basa punika têmbung risak, nanging botên kenging dipun ewahi sarta botên kenging dipun pathoki, kados ta: anggodhog wedang, botên kenging linintu anggodhog banyu.; adang sêga, botên kenging lintu adang bêras sapanunggilanipun; ingkang sampun pinanggih sawatawis kaklêmpakakên katunggilakên kalihan têmbung sanès-sanèsipun wontên ing sêrat wadari basa punika

--- 20 ---

Ing ngandhap punika kalêmpaking têmbung rura basa sawatawis, inggih punika têmbung ingkaingkang. botên kenging ewah, botên kenging dipun pathoki, kados ta:

criping: anggorèng criping, botên iris-irisan gêdhang mêntah, of gêmôndarusa; ragi: anggorèng ragi, botên parudan krambil; rêngginan: anggorèng rêngginan, botên oran-oran garing; krambil: mènèk krambil, botên glugu; dodot, bêbêd, ikêt, tapih, kêmbên, enz ambathik dodot, botên mori; nyoga, nglorod, nyêkuli ... enz. id; damar of dimar: ngungalake damar, botên ucêng-ucêng; tapih, slendhang, sarung enz: nênun tapih, botên lawe; suwakan: nawu suwakan, botên banyu; sambêl: ngulêg sambêl, botên lombok;

--- 21 ---

sêga: adang, ngliwêt sêga, botên bêras; wedang: anggodhog wedang, botên banyu; ladha: kêlan ladha, botên terong enz; laya:layang. nulis layang, botên daluwang; pindhang: olah pindhang, botên iwak; dhèndhèng: ambakar dhèndhèng, botên iwak; jadah: njojoh jadah, botên kêtan of oran-oran; jamu: mipis jamu of uyup-uyup botên crakèn of godhongan; gula: nitis gula, botên lêgèn; bako: ngrajang bako, botên godhong; 1. Cina urang mêngko nèk têka tukua sakati bae.; 2. Bok bêras mêngko nèk têka tukua sadangan bae.

--- 22 ---

Triwarna

Ingkang nama triwarna punika basa ingkang anggadhahi rangkêpan tiga, N. K en K.I. (mangan, nêdha, dhahar) utawi namung rangkêp kalih K.N en K. I. (tangan, asta) antawising basa triwarna kangge ing basa wrêdha krama, kados ta: sampeyan punapa ajêng nêdha ulam menda enz.

--- 23 ---

êndhas, sirah, mastaka; aran, nama, asma; arêp, ajêng, karsa; itil, kalêntik, prana; awèh, suka, ngaturi: nguwèhi, nyukani, matêdhani; awak, badan, sarira; apèk, jupuk, pundhut; adhi, rayi, yayi; omah, griya, dalêm; ompong, gutuk, dhaut; imbuh, imbêt, tanduk; anggo, angge, agêm; nini, êmbah, eyang; nom, nèm, timur; cêkêl, cêpêng, ngasta; calathu, wicantên, ngandika; rabi, bojo, garwa; kaki, êmbah, eyang; kuluk, makutha, panunggul, of wangkidan; kêplayu, kêplajêng, kèngsêr; kongkon, kèngkèn, ngutus; turu, tilêm, sare; têka, dhatêng, rawuh; takon, takèn, andangu; tutur, sanjang, matur; têmu, panggih, dhaub; tunggang, tumpak, titih

--- 24 ---

sukêr, tarab, rêsêp; sikil, suku, sampeyan; slamêt, wilujêng, sugêng; wêruh, sumêrêp, uninga, of pariksa; wêtu, wêdal, wiyos; lanang, jalêr, kakung; lara, sakit, gêrah; laku, lampah, tindak; lali, supe, kalimêngan; layang, sêrat, nuwala; lunga, kesah, tindak of lalana, linggar, papara: (sajabaning kutha) amêng-amêng; (sajroning kutha) jêngkar; linggih lampit, lungguh bumi ... lênggah, pinarak; prihatin, prihatos, sêkêl, of sungkawa; priyayi, N priyantun, K maar priyantun dalêm, (sêlir K.I); pawadonan, pawèstrèn, badhong; palanangan, pajalêran, kalam; pangan, têdha, dhahar; dhewe, piyambak, pribadi; dhadha, jaja, pranaja; jênat, swargi, swarga; jênêng, wasta, asma; jaluk: anjaluk, nêdha, nyuwun of mundhut

--- 25 ---

jamu, jampi, loloh; manak, rencang lare, ambabar; marang, dhatêng, katur; mata, mripat, tingal of soca; mati, pêjah, surud of seda; mutah, nuntak, luntak; mêtêng, wawrat, ambobot; mulih, mantuk, kondur; gawa, bêkta, ngampil; gawe, damêl, ayahan, yasa; gêgêr, gigir, pêngkêran; bênêr, lêrês, kasinggihan; batur, rencang, abdi; biyung, êmbok, ibu; buwang, bucal, kendhang; ngarêp, ngajêngan, ngayunan; ngrungu, mirêng, miyarsa; ngèngèr, ngabdi, suwita

--- 26 ---

Sanepa: Uitdrukking

Sanepa punika têmbung ingkang dipun salimpangakên têgêsipun, iya atêgês ora, nama kosokwangsul, ingkang sampun pinanggih dipun kalêmpakakên kados ing ngandhap punika: W.B. 197

Rimbagipun, kaanan mêsthi wontên ngajêng, aran wontên wingking, kados ta:

abang dluwang, landhêp dhêngkul ... tê: kalinganeya

abang satêmêne putih

landhêp satêmêne kêthul;

--- 27 ---

undur: mundur, uncêg, uncêg taksih kawon majêng; antêng kitiran: ubênging kitiran, taksih kawon rikat; èndhèk èrèk dhuwur kêncur: ibêring laron kêncur taksih inggil; arum jamban ambune: jamban taksih mambêt eca; arang kranjang, tatune ...: ajur amoh ngungkuli bolonging kranjang; atos gêdêbog, atos godhong lumbu ... mopol sangêt; kasor tugu Ngayogya: tugu Ngayogya taksih kawon inggil; aji godhong jati aking salêmbar: godhong garing taksih gadhah aji; êmpuk watu: watu taksih êmpuk, nanging ngêmpukake watu ngumbar sanggup; abot mêrang sagèdhèng ginawa alihan (padhalangan): ènthèng sangêt; abang dluwang ulate ...: dalancang pêthak taksih katingal abrit saking pucêtipun; angèl mithês wohing ranti: gampil sangêt; cumbu lalêr: kêsit sangêt, lalêr taksih tutut;

--- 28 ---

rahayu oyoding kayu: oyoding kajêng taksih nama lurus S.L.; rindhik asu digitik: rindhiking plajêngipun angungkuli sagawon dipun gêbag; rame wong andondomi: sidhêm pramanêm botên wontên walang salisik; rênggang gula: lèngkètipun angungkuli gêndhis tangkêban; kuning silit kuwali, raine: cêmêng sangêt ngungkuli angus; kêsêd wêlut dèn lêngani: lunyunipun ngungkuli lunyuning wêlut dipun lisahi S.L.; kul, ora mogèl: têmbung ora mogèl kul, têgêsipun tani bêntil utawi yutun, nanging kalintu kêcapipun, lêrêsipun: ora mogèl kul; kumêpyur pulut: lèngkètipun ngungkuli pulut; kumêdhèp kasèp: sampun kalajêng; kumêdhèp têsmak: botên kêdhèp-kêdhèp; suwe banyu sinaring: têlasipun enggal sangêt; sêpêt madu: madu taksih kawon lêgi; wulêd godhong lumbu:

--- 29 ---

kulit gonyèh; lana ilining toya: ilining toya lèpèn menggak-menggok, punika taksih kawon, S.L.; landhêp dhêngkul: kêthuling manah ngungkuli papaking dhêngkul; lênjang tenong: dêdêg andhap sangêt; lalêr mencok kêplèsèt gêlungane ...: klimis sangêt; lêgi asêm: kêcut angungkuli asêm; lêgi butrawali: pait angungkuli butrawali; pêcêl alu: pêcêl punika kuluban ingkang sarwa lêmês, punika sanepanipun tiyang kakon atèn; dhuwur kêncur: zie èndhèk èrèk; dhamplak ondhe-ondhe: door R.Ng. Sindupraja; matirta tumraping patra: lumbu lumembaking warih S.L.; gêlunge gêdhe kêmiri: alit sangêt; gudhang rêmpêlas lumêre ...: budinipun kasap; bêning lêri: ulat suntrut

--- 30 ---

banyu sinaring zie suwe

--- 31 ---

Saroja

Saroja punika têmbung kalih lingga dados satunggal, ungêlipun sanès têgêsipun sami, kados ta: Sêtyatuhu, sêtya: têmên; tuhu: inggih têmên, adat sabên, adat, botên ewah; sabên, inggih botên ewah; nanging dene: têmên-têmên sarta sabên-sabên, enz. panunggilanipun sawatawis ingkang sampun pinanggih kaklêmpakakên kados ing ngandhap punika:

Nanging ing sêrat P.S. têmbung saroja blz 125-1 namung rangkêping ungêl, kados ta: Nabi Adam pêputra Nabi Sis, Nabi Sis pêputra enz dados dede sarojaning basa: undhunging basa

--- 32 ---

ana ing omah enz: ora lunga-lunga

anon: ora anon ngrungu; botên sumêrêp sarta botên mirêng

èndhèk èrèk dhuwur kêncur, pujining bocah golèk laron mibêr ing wayah esuk, dhuwuring ibêre isih dhuwur kêncur

adat sabên: adat = sabên; sabên = adat

Adam: Nabi Adam pêputra Nabi Sis, Nabi Sis pêputra Sayid Anwas: nêdhakakên, panêngên, Sayid Anwar, nêdhakakên pangiwa

asih trêsna: asih = trêsna, trêsna inggih asih

apa: inggih punika warnining hawa ingkang madal saking napas, hawa ingkang mêdal saking napas bagiyanipun ing kathah: sarining bumi. G.D. 1820 no. 1 blz. 36

owah gingsir: owah = oncat, gingsir inggih oncat

awon: ngawon-awon tiyang awon, awonipun angungkuli awonipun tiyang awon ingkang dipun awon-awon wau

--- 33 ---

hawa napsu: sagêd mujanahi ing hawa napsu

ulang-ulês (saroja): golèk-golèk

eman ewuh: sami kemawon sami gadhah damêl voorb yèn ana eman ewuhe (pambênge) aku pamit

imbar supata: kadugi nyanggi imbar supaosipun, imbar pratignya, supaos inggih pratignya

carub wor: carub = wor; wor = carub

cungkêng rêngkêng: cungkêng, botên suka; rêngkêng inggih botên suka

carita: utawa sugih carita; carita kang bêcik-bêcik W.R. 5.4

colong jupuk: sami atêgês nyolong

cabar tiwas: cabar = weya; tiwas, inggih weya

riya kibir: riya verk v. jubriya, mêsthèkakên; kibir, inggih mêsthèkakên

--- 34 ---

rêm: mêrêm dhipêt, mêrêm mêlik ... sami ngêrêmakên mripat

kurban ngakekah: kurban, wilujêngan; ngakekah inggih wilujêngan

kaduk ati kabela tômpa (padhalangang).padhalangan.

kêsampar kêsandhung: kêsampar = kandhêg; kêsandhung = inggih kandhêg

kulak warta adol prungu, têgêsipun ngangin-angin

kalamôngsa (saroja): kala = wêktu, môngsa iya wêktu

kadhangkala: sami atêgês: botên mêsthi

kajèn kèringan (saroja): kajèn, kinajrihan; kèringan, inggih kinajrihan

kaya upamane:kaya = mèmpêr; upamane = inggih mèmpêr

kangge: awit botên kangge kadamêl wicantênan, kanggenipun wontên ing sêrat waosan J. Z. I. 113.6

dana driyah: dana = pawèwèh; driyah = inggih pawèwèh

--- 35 ---

tuhu

tuhu pangoncanging suksma / Kalanajaya dimurti / solahira anèng taman / tamanira sri bupati, zie Men.L

tau tate: tau = ngalami; tate = inggih ngalami

tandang tulung: tandang = ngrencangi; tulung = inggih ngrencangi

takon tiron (saroja): takon = nulad; tiron = inggih nulad

tukar padu: tukar = sulaya; padu inggih sulaya

tikêl têkuk gulung: rangkêp-rangkêp

têtêp botên ewah-ewah, têtêp: manggèn, botên ewah-ewah inggih manggèn

tulah sarik: tulah = walat; sarik = inggih walat

tapak tilas: tapak tuladan; tilas, inggih tuladan

tèdhèng aling-aling: met. ora; [ora...]

--- 36 ---

[...;] tèdhèng warana: aling-aling inggih warana

têmbe buri: têmbe dèrèng kalampahan; buri inggih dèrèng kalampahan

tambal sulam: tambal = nyantuni ingkang risak; sulam = nyantuni ingkang risak

têbah têmbunge ora ana ...: sami atêgês sêpên pariwara

sih trêsna: sih = trêsna; trêsna = sih

sênêng parêng: sênêng = rêmên; parêng, inggih rêmên

sarat masrut: sarat = sarana; masrut, inggih sarana

sukêr sakit: sukêr = pakèwêd; sakit, inggih pakèwêd

sak sêrik: sak = sakit manahipun; sêrik = inggih sakit manahipun

sudra papa: sudra = sangsara; papa, inggih sangsara

--- 37 ---

sudi doyan: sudi = ajêng; doyan, inggih ajêng

suda lumungsur: suda = kirang; lumungsur = inggih kirang

sato khewan: sato = khewan; khewan, sato

sêtya tuhu: sêtya: têmên, tuhu inggih têmên

sasar susur: klinta-klintu

sapa aruh, ora ...: atêgês mitambuh verk. v;; ora nyapa, ora aruh-aruh

sêpa-sêpi: tanpa sabawa = mamring

sapu dhêndha: tulak sarik

sidhêm pramanêm: botên wontên banènanipun

sajong saprau: jong têgêsipun prau; prau N bahita K

sampun: anggènipun mitênah dhatêng kula botên sampun-sampun, sarêng sampun pêjah

--- 38 ---

sampun (aja en wis): sampun kondur rumiyin ta ( van aja) manawi sampun dhahar kemawon, ( van wis); sampun kondur, kondur mênawi sampun dhahar (aja mulih, muliha yèn wis mangan)

sampun: sampun dalu, sampun kondur, K wis bali, aja mulih N

sambat sêbut: anjaluk sanjata pitulung

sêgêr kuwarasan: ayêm guyêm

sabar alim: sagêd ngunjara nêpsu

sabar darana: mopotmêpêr. hawa napsu; sabar sokuran: têka: bêcik, ora: apik

warah wuruk: warah: pitutur, wuruk inggih pitutur

wirang isin: wirang = isin; isin = wirang

wulang wuruk: kirang pratitising guru botên sagêd mulang muruk dhatêng muridipun; mulang = ngajar, muruk, inggih ngajar

lir pendah: lir = kaya, pendah = inggih kaya

--- 39 ---

lara lapa: lara = sangsara; lapa, inggih sangsara

pait gêtire: pait, nyêthak; gêtir inggih nyêthak

purun (gêlêm of wani): mênawi sampeyan purun dados upas sakaut, purun nyêpêng durjana, inggih katampèn

panas pêrihe: panas, sakit; pêrih inggih sakit

prabot-prabot: têgêsipun nama punika namung kabêkta saking prabotipun, prabotipun sarwa sutra, zie. J.Z.I.53.1

pêkir mêskin: pêkir tiyang mêsakat; mêskin, inggih tiyang mêsakat

papa cintraka: papa, sangsara; cintraka, inggih sangsara

japa môntra: japa, aji; môntra, inggih aji

jamak lumrah: jamak, wong akèh; lumrah, inggih wong akèh

jagad rat pramudita:

--- 40 ---

sadunya sadaya

jubriya kibir: zie riya kibir

jong: zie sajong saprau

yuwana slamêt: yuwana = wilujêng; slamêt, inggih wilujêng

maju kêna iing. sibat, mundur kêna ing laknat: majêng mundur sami kemawon amanggih bêbênduning Pangeran

gêndhak sikara: adamêl piawon; awon nganggur

gêlar wutahe kêpriye: kanyataane kêpriye

galap gangsul: mênawi wontên kasisipaning patrap sarta wicantên, nêdha pangapuntên

gêpok senggol, ora ...: sumingkir botên sumêrêp prakawis punika

godha rêncana: kathah sambekala sarta pêpalanganipun

gêmah ripah loh jinawi, tata tur arja (padhalangan)

gothèkgèthèk. ciri, ora ...: mratelakakên tanpa cacad

--- 41 ---

Silihan

Ingkang winastan têmbung silihan punika têmbung aran, angsal sambêtan têmbung kaanan, kados ta: tamparane ora matêng; tapane uwis matêng; rêmbuge durung matêng ... J.Z.II 68.14 v.o.

Dene manggènipun têmbung matêng wau wontên ing wowohan, utawi ing olah-olahan, panunggilanipun, ingkang sampun pinanggih kados ing ngandhap punika:

--- 42 ---

idune mandi: wicantêning tiyang sawêg ginêga ing tiyang

idu dinilat manèh: tiyang sampun gadhah kasagahan dhatêng tiyang, dipun cêlad, nanging; ambuwang idu bacin (paribasan)

idu gêni: wicantênipun kêkasihing ratu, utawi lêlêngêning parentah, namung dipun ajrihi sarta dipun turut

ilate mati: botên sagêd ngraosakên têtêdhan, namung anggêripun kalêbêt ing wadhuk

ômba jangkahe (sugih istiyar)

cikal atapas limar

rawe-rawe rantas

kêndho tapihe: tiyang èstri kampung purun lampah jina, gadhangan dados tiyang awon

dawa tangane: climut

doyan ujar: imul, dipun ungêli awon botên dipun lêbêtakên manah. Punika kosok wangsulipun: laran atèn

wisuh kêndhi

wulêd umure: panjang umuripun

jamur tuwuh ing waton

--- 43 ---

melik: 1. melike dinèkèdinèkèk.

ngayun; 2. melik anggendhong lali

malang-malang putung

gêdhang pupus cindhe

balung cinandhi

ngombe kêndhi

--- 44 ---

Saloka J.Z. II. 69.8:

Têgêsipu:têgêsipun. upami voorb:; gajah ngidak rapah, rimbagipun aran tanduk, zie paribasan, têgêse jaksa anggarap prakaran-prakaraning akrabe.

--- 45 ---

orong-orong kêpidak, kaya ...: waunipun tumut rêmbagan, kasosor rêmbagipun, lajêng kèndêl cêp klakêp

asu pêmburu, dadi ...: tiyang sade tinumbas barang, pun asu pêmburu sakuthu kalihan pun panyade, mênawi wontên tiyang ngawis tansah dipun jori, pun panumbas kêblasuk pangawisipun

canthing jali: dicidhukna banyu sagara, olèhe iya mung sathithak,sathithik. isbatipun tiyang alit ingkang gadhah pambêkan gumêdhe.

cèlèng kêtaton: cèlèng nandhang tatu saking pandamêling tiyang, napsu ambêk pati ngancap dhatêng tiyang ngajak sarêng pêjah.

cêngkir katindhihan kiring: tiyang sêpuh dhudha utawi rôndha, rabi utawi laki malih angrumiyini anakipun ingkang taksih lêgan

kutuk api lamur: beda karo anggutuk api lamur (paribasan)

kêplok ora tombok: tiyang tumut bingah-bingah botên tumut wudhu

kêmladhehan ngajak sêmpal: risak ngajak-ajak

kêmbang waru: ora mèlu-mèlu, sampun mastani

--- 46 ---

kêbo nusu gudèl: tiyang sêpuh dados damêling tiyang nèm

kêbak sundukane: durjana kacêpêng, botên anggènipun anglampahi culika sapunika, culika ingkang sampun-sampun

kêbluk mulur: botên laran atèn, anggêga dhatêng pitutur, mênggahing kapal purun dhatêng ing gêbag sarta miturut ing pangrèh

kêthèk saranggon: rusak sabaya pati

duk sandhingan gêni: jalêr èstri ingkang sami lêgan, mênawi nunggil panggenan, asring kobong

dêmang ngiras tangkilan: kengkenan karangkêp kalihan ingkang nglampahi piyambak

trênggiling: api pati

têkèk mati ulone: durjana kacêpêng saking pangakênipun piyambak, kadamêl sasongaran

têsmak bathok Ks: micakakên

timun mungsuhan durèn: tiyang alit ngudur kalihan tiyang agêng, mubêng pados mênang, botên sande kawon

tunggak têngah

--- 47 ---

wontên tiyang udur rêbat lêrês, botên purun tumut-tumut, mastani lêrês, botên mastani lêpat, inggih botên

satru munggèng cangklakan: kanggenan akrab ingkang botên sêtya, piawonipun botên katawis, katawis-katawis sampun kalajêng

sapi nusu mring pêdhète: sbating ngilmu

wêdhus diumbar ing kacangan, kaya ...

paraning bêndu mênyang sing apês, parane,: nêpsuning tiyang botên sagêd dhumawah ing tiyang ingkang dipun nêpsoni, dening èri, dhawah dhatêng tiyang ingkang botên dipun nêpsoni, kadamêl tiban

mênjangan mambu obat

macan olèh burukan, gêrêng-gêrêng kaya ...

glugu kêtlusuban luyung: kalêbêtan têlik sandi upaya ngakên sadhèrèk, sayêktosipun tiyang sanès, ngakên mitra, sayêktosipun satru

gajah ngidak rapah: a. gajah (adigung), ngandêlakên gêng ainggil W.R.9

gumuk diumpuk-umpuk, jurang dikêdhuki: punika isbatipun tiyang mêlarat, anggantosakên barang-barangipun dhatêng tiyang sugih, wangsuling arta mawi sarêman

--- 48 ---

banthèng kêtaton: punika sami kalihan cèlèng kêtaton, purun dhatêng tiyang

buta ngisis siyung

bêlo milu sêton: tiyang botên sumêrêp ing rêmbag, tumut ombyaking kathah

bidho apirowang

bêdhil kothong, macan ompong, punika angganipun tiyang agêng, sanadyan namung kèndêl, inggih taksih kinajrihan ing tiyang alit

--- 49 ---

Paribasan J.Z. II 69.8

Têgêsipun: kaya voorb anggajah êlar, rimbagipun tanduk, aran zie saloka.

--- 50 ---

Anjunjung ngantêbake: wicantên pangalêm, kêplasipun dhatêng panacad.

ambôndakalani

ambaguguk ngutha waton: balela ing ratu

anggênthong umos

anggutuk api lamur: alg kutuk apilamur

nabok nyilih tangan: tiyang damêl piawon dhatêng tiyang, nyambat tiyang sanès.

kadaluwarsa: kaêlêtan taun

kêtibanda: kabêgjan ingkang botên kanyana-nyana.

kêtiban tai baya: kadhawahan tarka

kalingga naja: kaadêgan ratu anyar

kêpalu kêpênthung: tiyang kaical-icalan; mêdhukun, barang botên pinanggih, tombok kaicalan tidhih dhatêng dhukun.

kêpalang kaline banjir: sêtyan kalihan woding manah, kêpambêng dening rumêksaning para akrabipun.

nyumur gumuling

mênthèng kèlèk: tiyang paratantang.

--- 51 ---

mrada tai: mangan inguja luamah

marotingal K.N: niet maro mata N.; of malih mripat K.; gadhah pasuwitan kêkalih

mati ora kasasaban bumi: tiyang nandhang papa cintraka.

mati sajroning urip: sujana sêmadi ngantos pana

mati sumbêre: tiyang katilar dhatêng tiyang, ingkang ajêg suka pitulungan.

mati pasabane: tiyang rêmên nênêdha dhatêng sanak sadhèrèkipun, dangu-dangu dhatêng kawanuhanipun, sarêng dipun bosêni minggah pangkatipun: ngêmis

mati-matia kêbênêm: tak arani dudu kowe, kewekowe. saiki ana ngêndi (kêbênêm = ora nyana)

muta tuli: sampun botên purun sumêrêp sarta botên purun marêngakên.

ngêbo pêlèn, tiyang sadhusun utawi tiyang sakampung kajèn kèringan piyambak.

ngêthuki = ngiyani: nanging botên kalêbêt ing manah, namung tumèmpèl ing lambe.

--- 52 ---

...Halaman 52 tidak ada.

--- 53 ---

Purwa, madya, wasana

--- 54 ---

Gandhènging basa

Gandhènging basa ingkang kangge pawicantênanipun têtiyang Jawi ing Surakarta, kenging winastan tanpa petang kathahipun, sapunika sawêg ngalêmpak sawatawis, sanadyan dèrèng anyêkapi dhatêng kawontênaning basa nanging sampun lowung kadamêl lantaran dhatêng pandamêling ukara, amargi tiyang damêl ukara mênawi kuwangsul êtraping pamasangipun dhatêng gandhènging basa, inggih botên sae, utawi kuciwa, kadosdene bôngsa Walandi ingkang sawêg sinau dhatêng basa Jawi, têmbung Sênèn Kêmis, sami kemawon kalihan: Kêmis Sênèn, mênggah tiyang Walandi inggih botên kuciwa, awit dede têmbungipun sarta sawêg sinau, wangsul tiyang Jawi punapa sagêd gadhah santolan sawêg sinau, mênggah ingkang sampun pinanggih kados ing ngandhap punika:

--- 55 ---

anak putu: tisna dhatêng anak, kalihan dhatêng putu; anak bojo: zie garwa putra; èndhèk cilik: cèndhèk cilik; èndhèk dhuwur: cèndhèk dhuwur; andhêg: mandhêg tumolih; enthong irus, met ora têgêsipun botên gadhah sandhangan sae (silihan); adas pulasari: mênawi kangge jêjampi, dhukun amastani: adas pulawaras; esuk sore; hawa napsu; ala bêcik: gampil anglampahi pandamêl awon, kalihan pandamêl sae; alang: malang mujur; adhêm panas: sanadyan tiyang mêntas kabêsmèn, mênawi dipun pitakèni: mêntas katoyan; iya, ora; uyah asêm;

--- 56 ---

uyah trasi; eman ewuh: (saroja); ombak baji: namaning yatra dhuwitan; agal alus; eblis lanat; abang irêng; abang putih; abang biru maar: ngabang bironi (silihan), ulatipun sakêdhap bingah (abang) sakêdhap susah (biru) punika tiyang badhe gadhah damêl, wragadipun dèrèng kacêpêng z.o.z.; nabi, wali; cukêng rêngkêng: (saroja); catur: nyatur, anggunggung; cambah kêmangi; cabe cêngkèh; cabe lêmpuyang; cabuk rambak; cèthèk jêro; cêthil blaba; canggah warèng; rina wêngi; rowa ringkês;

--- 57 ---

ratu patih; rupak longgar; rajabrana; rêm: mêrêm mêlik; rama ibu; rêbo sêtu: dintên pasowanipun abdi dalêm panêgar, kalêmpakipun wontên pagêlaran, nêgari titihan dalêm kapal; rôngga dêmang: inggil rangganipun, maar M.N. dêmang rôngga inggil dêmangipun; kèh: akèh sathithik; kunir ênjêt; kunir asêm; kinang rokok, bako enak (sêkatenan); kêndho kêncêng verb v dhocêng; kênthang kimpule, met: ora wêruh ... (silihan); kêras alim; krama ngoko; kurang luwih; kaki nini; kakang adhi;

--- 58 ---

kidang mênjangan; kêtan kolak; kêtan srikaya; katiga rêndhêng; kasar alus: gampil pandamêl kasar, kalihan pandamêl alus; kasur guling: ngangge kasur sagêd tanpa guling; kêsèd pêthêl of srêgêp: tiyang Jawi kathah ingkang kêsèd; kiwa têngên: saking wontênipun wadana, kaliwon, panèwu mantri sêpuh kiwa; kawula gusti, pamoring ...; kalah mênang: gampil kawonipun; klasa bantal: sagêd tilêm namung kalihan gêlaran, tanpa bantal; kluwak kêmiri; kupat monjit; kupat blendrang; kêplèk kècèk en. dhadhu posing; kêmbang borèh; kêbo sabi; kobis boncis; kêbluk mulur; kêthuk kênong ... gong;

--- 59 ---

doh cêdhak; dina pasaran; dandang kèncèng; dringo bêngle; duka cipta; dom bolah; tai uyuh; tindak tanduk; tukar padu: (saroja); tuwa anom; tulah sarik: (saroja); tape êmpog; tapih kêmbên; tumba trawas; tumbar jintên; tumbak kêris: waos ligan botên dipun sujanani ing tiyang, nanging ngliga dhuwung winastan tiyang ngamuk; tumbak bêdhil: gampil damêl waos kalihan sanjata; sênèn kêmis: sênèn wisudhan, kêmis kisasan; sunat pêrlu: kathah ingkang mêsokakên pandamêl sunat kalihan pandamêl pêrlu; sendhok porok

--- 60 ---

pêrlu sendhokipun; sandhang pangan: bayi lair ngangge popok rumiyin, dipun sêsêpi: kantun; sêndhang pancuran: agêng sêndhang kalihan pancuran; sunthi kêncur; sor: asor unggul, asor luhur; srêgêp mlincur; sida wurung; sudra papa: (saroja); solah bawa muna muni; slèdri kapri; salam laos; sêga urug; sêga iwak; sêga uyah; sêga sambêl; sêga jangan;

--- 61 ---

adhêm panas sumêr-sumêr: voor manungsa, mangêt-mangêt voor banyu; cêkak landhung, cupêt,; kêndho bantêr sumuruh; krambil kiring dêgan; katiga rêndhêng marèng; kasar alus têngahan; kiwa têngên têngah; têka lunga mlaku; sugih mlarat cukup; woh kêmbang pêntil; lor kidul en wetan kulon ... têngah; dhere dhara babon; dhakwa verk v cêndhak, dawa, congok; dhelik verk v gêdhe, cilik, mêrtanggung; mêntah matêng voor: 1. pêlêm kêmampo, 2. wi, gêmbili kimpul enz mogol, 3. êndhok: madon; garing, têlês, malêm; gêdhe, cilik, dhara; baya, bajul, krete; bumi, langit, awang-awang

--- 62 ---

Namaning pujôngga sarta namaning sêrat-sêrat karanganipun

--- 63 ---

Pujôngga enz layang karangane

Namaning para pujôngga ingkang sami nganggit sêrat utawi namaning sêrat-sêratipun

--- 64 ---

...Halaman 64 tidak ada.

--- 65 ---

Sêrat Sariraning Pujôngga

Namaning para pujôngga ingkang sami nganggit-anggit sêrat, artosipun manawi badhe sumêrêp satunggil-tunggiling pujôngga nganggit sêrat punapa zie namaning pujôngga

1917

--- 66 ---

Artandriya: Ajar Artandriya, punika ingkang nganggit sêrat pawukon, lajêng kaanggit malih dhatêng Sunan Giri II dene Ajar Artandriya wau pujôngga ing Wiratha panjênênganipun Prabu Basukeswara.

Adipati Samarang: nganggit Sêrat Anglingdarma

Adipati P. Samarang: nganggit sêrat Asmarasupi, lajêng kaanggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kapisan

Êmpu Jôngga: nganggit Sêrat Manumanasa; Bale Sagala-gala

Amongsastra, Kyai Rôngga: punika ingkang nganggit Sêrat Kancil sêkar macapat, lajêng kaanggit dados gancaran dhatêng Ki Padmasusastra

Carik Bajra ing Kartasura: punika ingkang nganggit Sêrat Babad Kartasura, kalihan Carakabasa, Dasanama, Damarwulan, Sasanaprabu, Panji Kuda Narawôngsa, Panji Murtasmara sarta Yudanagara Wulang.; Sêrat Carakabasa sarta Dasanama, kaanggit malih dhatêng Ki Padmasusastra

Ragarunting: Êmpu Ragarunting nganggit Bandhalaksana

--- 67 ---

Rôngga Awikrama: nganggit Sêrat Panji Paniba

Rônggasutrasna: punika ingkang nganggit Sêrat Cênthini awit saking karsa dalêm PB V babon saking pasisir

Rônggawarsita: nganggit Sêrat Panji Sêmawung

Rônggajanur, ing Kartasura: nganggit Sêrat Rêngganis, Pranacitra

Kanwa: Êmpu Kanwa nganggit Sêrat Wiwaha, Partayagnya

Kartadiwirya, Ngabèi: nganggit Sêrat Panji Jayalêngkara

Karmajaya, Salukat: Êmpu kêkalih anganggit sêrat Asmaradahan

Kalangon: Êmpu Kalangon nganggit Sêrat Yudayana, Bomantara

Darmajaya: Êmpu Darmajaya nganggit Sêrat Palgunadi

Tapawangkêng: Êmpu Tapawangkêng nganggit Sêrat Darmasarana, Pandhawadana

--- 68 ---

Sunan Kalijaga: nganggit sêtsêrat. Jaka Slewah

Sutrapana: Kyai Sutrapana, punika ingkang nganggit Sêrat Menak, lajêng dipun anggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kapisan

Sastrawijaya: Ngabèi Sastrawijaya nganggit sêrat: Nawawi

Sela: Kyai Agêng Sela, nganggit Wulang Pêpali

Salukat: Êmpu Salukat punika ingkang nganggit Sêrat Jayabaya, kaanggit malih dhatêng Sunan Giri, lajêng kaanggit malih dhatêng P. Kadilangu jaman Kartasura

Salukat: zie Karmajaya

Sultan Agung ing Mataram: nganggit Sêrat Nitipraja

Sultan Dêmak: nganggit Sêrat: Suryangalam, Jugulmudha

Sêdhah: Êmpu Sêdhah nganggit Sêrat Bratayuda

Widayaka: Êmpu Widayaka (Ajisaka) nganggit sêrat: Nitisastra, Dewaruci, Dewabrata, Manik Arja Purwaka, Manikmaya

--- 69 ---

Wali: para wali nganggit sawarnining suluk

Wijatmaka: Êmpu Wijatmaka nganggit Sêrat Aji Nirmala

Panuluh: Êmpu Panuluh nganggit Sêrat Ariwanda, Arjunawijaya, Sri Mataya, Gathutkaca Saya

Panêmbahan Madura: nganggit sêrat Sindhula

Panyarikan: Bathara Panyarikan nganggit Sêrat Darmasunya

Panjangjiwa: Kyai Panjangjiwa, nganggit Sêrat Bandung

Paradhah: Êmpu Paradhah nganggit Sêrat Malawi Urusan

P.B. III: nganggit Sêrat Panji Priyêmbada

P.B. IV: nganggit Sêrat Wulangrèh

Puywa: Êmpu Puywa nganggit Sêrat Ramayana, Mahadewa

P. Adilangu: punika ingkang nganggit Sêrat Babad Pajajaran, Majapahit, Dêmak, Pajang sarta Mataram kalihan nganggit Sêrat Raja Kapa-Kapa,

--- 70 ---

punapadene Suluk Sèh Malaya kalihan Jatikusuma

P. Karanggayam ing Pajang: punika ingkang nganggit Sêrat Surti

P. Pêkik ing Surabaya: nganggit Sêrat Jayalêngkara

Yudasara, Ngabèi: nganggit Sêrat Baron Sakèndhèr

Yasadipura I: Ngabèi Yasadipura kapisan, nganggit sêrat Iskandar, Angrèni, Tajusalatin, Sewaka, Babad Palihan Nagari.

Yasadipura II: Ngabèi Yasadipura kaping kalih inggih Tumênggung Sastranagara nganggit sêrat: Sana Sunu

Yogiswara: Êmpu Yogiswara nganggit Sêrat Budawaka

Manyura, R. Lurah Panêgar ing Kartasura, nganggit Sêrat Katuranggan

Managuna: Êmpu Managuna nganggit Sêrat Sumanantaka, Mahabrata

--- 71 ---

Mayangga: Êmpu Mayangga nganggit Sêrat Pandhawapapa

Brata: Êmpu Brata nganggit Sêrat Gorangsang

Bodhaguna: Êmpu Bodhaguna nganggit Sêrat Kunjara Krêsna, Bomantaka

Ngulama: para ngulama nganggit Sêrat Ambiya lajêng kaanggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kapisan

--- 72 ---

Layang

Namaning sêrat kawi jarwa karanganipun para pujôngga ing jaman kina, sarta ringkêsaning cariyosipun satunggiling sêrat wau, pêthikan saking sêrat J.Z.I

1917

--- 73 ---

Ahmad Mukhamad, jarwa ?: nyariyosakên tanah Ngarab

Ariwanda, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Panuluh nyariyosakên lairipun Bagawan Abiyasa

Arjunawijaya, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Panuluh, nyariyosakên lêlampahanipun Ratu Sabrang ing Maèspati

Hidayatullah, Jawa ?: punika sêrat piwulang

Iskandar, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kapisan, nyariyosakên lêlampahanipun Sultan Iskandar ing Rum

Asmaradahan, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Salukat kalihan Êmpu Karmajaya, nyariyosakên kramanipun Bagawan Abiyasa

Asmarasupi, jarwa: kala wiwitan ingkang nganggit Adipati Pangeran ing Samarang, lajêng kaanggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kapisan, nyariosakên lêlampahanipun Asmarasupi

Aji Nirmala, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Wijatmaka, nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Aji Nirmala

--- 74 ---

Ambiya, jarwa: kala wiwitan ingkang nganggit para ngulama, lajêng dipun anggit malih dhatêng Radèn Ngabèi Yasadipura kapisan, nyariyosakên lêlampahanipun para nabi ing tanah Ngarab

Anglingdarma, jarwa: ingkang nganggit Adipati Samarang, nyariyosakjên lêlampahanipun Prabu Anglingdarma ing Malawapati

Nitisastra, Kawi: ingkang nganggit Prabu Widayaka, punika sêrat piwulang

Nitipraja, jarwa: ingkang nganggit Kangjêng Sultan Agung, punika sêrat piwulang

Nawawi, Jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Sastrawijaya, punika sêrat wêwulang têpa palupi saking Ngarab

Cênthini, jarwa: punika anggitan ing pasisir, kala jaman Mataram, lajêng kaanggit malih dhatêng Kyai Ranggasutrasna carik Kadipatèn, kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping V, punika cariyos dunya wontên sadaya

Carakabasa, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura, punika amratelakakên têgêsipun aksara kalihdasa, kaanggit malih dhatêng Ki Padmasusastra ing Surakarta

--- 75 ---

Raja Kapa-Kapa, jarwa: ingkang nganggit Pangeran Adilangu, punika sêrat pracekanipun para punggawaning ratu

Ramayana, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Puywa, nyariyosakên lêlampahanipun Ratu Sabrang ing Ngayudya, akalihan ratu ing Ngalêngka

Rêngganis, jarwa: anggitanipun Rônggajanur ing Kartasura, nyariyosakên kala Iman Suwôngsa rêmên kalihan Dèwi Rêngganis

Kancil, jarwa: ingkang nganggit Kyai Rôngga Amongsastra carik kadipatèn, kala panjênênganipun ingkang sinuhun Pakubuwana kaping V, lajêng kaanggit dados gancaran dhatêng Ki Padmasusastra, kala panjênênganipun ingkang sinuhun Pakubuwana kaping X, dongèng

Kunjara Krêsna, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Bôdhaguna, nyariosakên jumênêngipun Prabu Krêsna ing Dwarawati

Trimataya, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Panuluh, nyariyosakên muksanipun Bagawan AbisaAbiyasa.

Katuranggan, jarwa: ingkang nganggit Radèn Manyura, lurah panêgar ing Kartasura, mratelakakên awon saening pêthèk tuwin mathining kapal

--- 76 ---

Kiyamad, jarwa?: nyariyosakên dintên kiyamad

Darmasunya, Kawi: ingkang nganggit Bathara Panyarikan, nyariyosakên sakathahipun ngilmi Buda.

Darmasarana, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Tapawangkêng, nyariyosakên lairipun Pandhawa

Dasanama, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura, punika nama sadasa kangge namaning warni satunggal

Dewaruci, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Widayaka, nyariyosakên Wrêkudara anggêguru dhatêng Durna

Dewabrata, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Widayaka, nyariyosakên lêlampahanipun Rêsi Bisma

Damarwulan, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura, nyariyosakên Damarwulan dados ratu ing Majapait

Tajusalatin, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kapisan, punika sêrat wulang têpa palupi saking Ngarab

--- 77 ---

Sèh Tekawêrdi, jarwa?: punika sêrat piwulang

Sèh Malaya, suluk: ingkang nganggit Pangeran Adilangu, punika pralambanging ngilmi

Sana-sunu, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kaping kalih, punika sêrat piwulang

Sindhula, jarwa: ingkang nganggit Panêmbahan ing Madura, nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Sindhula, dumugi Ajisaka

Surti, jarwa: ingkang nganggit Pangeran Karanggayam ing Pajang, punika sêrat piwulang

Suryangalam, jarwa: ingkang nganggit Sultan Dêmak, punika sêrat pangadilan

Sasanaprabu, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura, punika sêrat piwulang

Sewaka, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kaping sapisan, punika sêrat piwulang

Suluk, jarwa: ingkang nganggit para wali; a. Jatikusuma, b. Jaka Salewah, c. Sèh Malaya ... pralambanging ngilmi

--- 78 ---

Sumanantaka, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Managuna, nyariyosakên kala Sang Hyang Wisnu jumênêng ratu ing ngarcapada

Wiwaha, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Kanwa, nyariyosakên Arjuna tapa, nama Mintaraga

Wulangrèh, jarwa: ingkang nganggit panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV, punika sêrat piwulang

Pandhawa Dana, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Tapawangkêng. Nyariyosakên Pandhawa nglampahi dana

Pandhawa Papa, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Mayangga, nyariyosakên sedanipun Prabu Pandhu

Panji Angrèni, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kapisan, nyariyosakên kramanipun Panji angsal Dèwi Ngrèni

Panji Kuda Narawôngsa, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura nyariyosakên Panji krama putri ing Ngurawan, Dèwi Côndrakirana lajêng malih jalêr anama Kuda Narawôngsa

Panji Sêmawung: ingkang nganggit Mas Rônggawarsita, nyariyosakên kala Panji jumênêng ratu

--- 79 ---

Panji Paniba, jarwa: ingkang nganggit Rôngga Awikrama, inggih punika Yasadipura kaping III, nyariyosakên lêlampahanipun Dèwi Kirana kala nama Paniba

Panji Priyêmbada, jarwa: ingkang nganggit panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping III, nyariyosakên lêlampahanipun Panji kala nama Panji Priyêmbada

Panji Jayalêngkara, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Kartadiwirya, nyariyosakên Dèwi Kirana dados ratu ing Bali

Panji Murtaswara, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura, nyariyosakên kala Panji anama Murtaswara krama putri ing Cêmara, nama Dèwi Surèngrana

Pranacitra: anggitanipun Rônggajanur ing Kartasura, nyariyosakên Bok Rara Mêndut boyongan saking Pathi

Partayagnya, kawi: ingkang nganggit Êmpu Kanwa, nyariyosakên Arjuna krama angsal Dèwi Sumbadra

Purwananda, kawi: ingkang nganggit Êmpu Tanirat, nyariyosakên karaton Ngastina wiwitan

--- 80 ---

Prabangkara, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura, nyariyosakên nagari ing Majapait

Pawukon, jarwa: ingkang nganggit Ajar Artandriya, nuntên kawangun dhatêng Susuhunan Giri kaping II, mratelakakên bab bêgja cilakanipun satunggil-tunggiling tiyang, metang saking dintên kalairanipun

Palgunadi, kawi: ingkang nganggit Êmpu Karmajaya nyariyosakên Arjuna anggêguru dhatêng Pandhita Durna

Pêpali, jarwa: ingkang nganggit Kyai Agêng Sêsela, punika sêrat piwulang

Johar Sah, jarwa?: nyariyosakên lêlampahanipun Johar Sah

Jaka Krèwèd: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura, nyariyosakên nagari ing Majapait

Jaka Salewah, suluk: ingkang nganggit Susuhunan Kalijaga, punika pralambanging ngilmi

Jatikusuma, suluk: ingkang nganggit Pangeran Adilangu, punika pralambanging ngilmi

Jayalêngkara wulang, jarwa: ingkang nganggit Pangeran Pêkik ing Surabaya

--- 81 ---

Jayabaya, jarwa: ing kina ingkang nganggit Êmpu Salukat, lajêng kaanggit malih dhatêng Susuhunan Giri kaping II, nuntên kaanggit malih dhatêng Pangeran Adilangu kala jaman Kartasura. Punika pralambangipun satunggil-tunggiling karaton ing tanah Jawi

Jugul Mudha, jarwa: ingkang nganggit Sultan Dêmak, punika sêrat pangadilan

Yudanagara wulang, jarwa: ingkang nganggit Carik Bajra ing Kartasura

Yudanagara, kawi: ingkang nganggit Êmpu Widayaka, nyariyosakên Pandhawa sami suwita wontên ing Wiratha

Yudayana, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Kalangon, nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Yudayana

Mahadewa Buda, kawi: ingkang nganggit Êmpu Puywa, nyariyosakên kala Sang Hyang Guru jumênêng ratu ing ngarcapada

Mahabrata, kawi: ingkang nganggit Êmpu Managuna, nyariyosakên kala Sang Hyang Brama jumênêng ratu ing ngarcapada

Mahabasawa, kawi: ingkang nganggit Êmpu Tanirat, nyariyosakên karaton ing Wiratha

--- 82 ---

Manik Arja Purwaka, kawi: ingkang nganggit Êmpu Widayaka, nyariyosakên Pandhawa sami dipun apusi wontên ing Ngastina

Manikmaya, kawi: ingkang nganggit Êmpu Widayaka, nyariyosakên kala Sang Hyang Wisesa nikahakênnitahakên. bumi langit

Menak, jarwa: kala wiwitan ingkang nganggit Kyai Sutrapana, lajêng dipun anggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kapisan, nyariyosakên lêlampahanipun Sayidina Hamjah

Manumanasa, kawi: ingkang nganggit Êmpu Jangga, nyariyosakên lêlampahanipun Rêsi Manumanasa

Mursada, jarwa?: punika sêrat piwulang ngiras pralambang agami

Malawi urusan, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Paradhah, nyariyosakên kala babadipun nagari Ngamarta

Gorangsa, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Brata, nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Basudewa

Gathotkacasaya, kawi: ingkang nganggit Êmpu Panuluh, nyariyosakên lairipun Gathotkaca

--- 83 ---

Bandung, jarwa: ingkang nganggit Kyai Panjangjiwa, nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Baka ing Prambanan

Bandhalaksana, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Ragarunting, nyariyosakên sayêmbaranipun Dèwi Kunthi ing Mandura

Baron Sakèndhèr, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Yudasara, nyariyosakên lêlampahanipun Baron Sakèndhèr, jaman Mataram

Bratayuda, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Sêdhah, nyariyosakên pêrangipun Pandhawa mêngsah Korawa

Budawaka, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Yogiswara, nyariyosakên kala Sang Hyng Guru mranata agami

Buslam, jarwa?: nyariyosakên lampahing agama Islam

Bale Sagala-gala, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Jangga, nyariyosakên Pandhawa dipun bêsmi wontên ing Ngastina

Bayan Budiman, jarwa?: punika sêrat piwulang ngiras pralambang agami

Bomantara, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Kalangon, nyariyosakên lairipun Boma

--- 84 ---

Bomantaka, Kawi: ingkang nganggit Êmpu Bodhaguna, nyariyosakên pêjahipun Boma

Babad Palihan Nagari, jarwa: ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kapisan, nyariyosakên pamalihipun tanah Jawi, dados karaton kalih ing Surakarta kalihan ing Ngayogyakarta, kala panjênênganipun sinuhun kaping III akalihan Sinuhun Sultan kaping I Mangkubumi

Babad, jarwa: 1. Pajajaran, 2. Majapait, 3. Dêmak, 4. Pajang, 5. Mataram, 6. Kartasura. ingkang nganggit 1. t/m 5 P. Adilangu; 6. Carik Bajra ing Kartasura, nyariyosakên karaton-karaton wau satunggal-satunggal

--- 85 ---

Kawruh Dhakon

--- 86 ---

Kawruh Dhakon

Karanganipun Radèn Atma Wiraga IV abdi dalêm urdênas, marasêpuhipun Ki Padmasusastra tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta

Punika ingkang nyêkarakên karingkês salampahan cêkap dados sapada-sapada, murih botên kasupèn amastani ôngka ingkang badhe kalampahakên, taun

--- 87 ---

Marasêpuh kula Radèn Atmawiraga kaping sakawan, abdi dalêm urdênas kasêpuhan punika kêkasih dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI, dening marasêpuh kula èstri Nyai Lurah Amongkarsa (semahipun marasêpuh kula Radèn Atmawiraga wau) dados pasihan dalêm. Sakendhang dalêm, marasêpuh kula lêstantun suwita ing karaton, alamipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VII, VIII dumugi kaping IX. Sarêng sampun sêpuh angsal parimarma dalêm, kalilan botên mara sowan, nêdha nganggur wontên ing griya (botên pènsiyun) paring dalêm lênggah siti dhusun pamêdalipun anyêkapi. Salêbêtipun nganggur, wontên griya, kasênênganipun ngingah sêmut gramang, dipun têdhani gêndhis kalapa, sadintên sadalu ngantos têlas gangsal tangkêb. Anjirap ewon griya wontên punthuk damêlan katingalipun mênawi dipun pakan, mênawi sampun têlas pakanipun malêbêt ing guthaka sadaya, botên wontên ingkang kantun, botên namung ingon-ingon sêmut, pêksi awang-awang kathah warni-warni sami jênak ngaub wontên ing kêkajênganing punthuk, amargi dipun sêkari uwos saha sêkul cadhong mawi pangombenan dipun cêmplungi satunggal punika, kathah ingkang tilêm sarta susuh wontên ing ngriku (punapa gadhah kêtagihan dados manungsa) dene ingkang ngeram-eramakên, [ngeram-e...]

--- 88 ---

[...ramakên,] ingon-ingonipun ayam sampun botên kawical, punika sadaya wulunipun cêmêng, nak-kumanak dados sami wulu cêmêng, satunggal botên wontên ingkang botên wulu cêmêng, wontên ingkang jambul, walik, rob, sanggar dlima tuwin sanès-sanèsipun, ayam wau botên suka dipun pragad, […]tidak terbaca. ingkang nigan namung dipun têtêsakên salong dipun damêl êndhog-êndhogan, mênawi wontên ingkang ical satunggal kalih sampun botên katawis, katawisa inggih sampun dipun lilakakên kakancingakên jakat pitrah. Kêplantrang anggèn kula badhe nyariyosakên katabêrènipun marasêpuh kula, sarêng kèndêl sampun botên mara sowan, botên kesah-kesah saking griya, sambènipun dhakon piyambak, botên wontên rencangipun, tiyang ingkang botên sumêrêp lajêngipun, inggih dipun wastani anèh, dhakon piyambak botên gadhah bosên, punapa botên makatên, dhakon punika wontên kawruhipun, limrahipun tiyang dhakon botên kenging dipun baudi, wiwitanipun lampah sarêng, ing salah satunggilipun mêsthi andhok rumiyin, lajêng gêntos andhok, makatên salajêngipun, pundi ingkang kawon kêcik sarta kawon lampah: nandur kacang (= lumbung kalih)

--- 89 ---

dados botên sagêd kawon têrus, gêntos mênang gêntos kawon, dening ingkang kawon kenging nandur kacang wau, sarta ingkang kêcikipun ing sabin taksih kathah kêdah kabanyokakên dhatêng ingkang kêcikipun kantun sakêdhik, dados ungêl-ungêlan dipun obong (têlas kêcikipun) punika botên sayêktosipun mung gêntos mênang gêntos kawon, ing mangke sampun pinanggih ngilminipun dhakon, sayêktos sagêd ngobong mêngsahipun, mêngsahipun botên sagêd angsal kêcik langkungipun, saking sanga, tarkadhang botên angsal babar pisan, awit mênawi taksih gadhah kêcik sanga dèrèng dipun obong, taksih gadhah sabin sakêdhok, bêra 7 kêdhok, kacangan sakêdhok, nama wêtah 8, mêsthi kemawon saya mindhak sabinipun, awit tansah dipun banyoni rambah-rambah, ananging mênawi ngangge ngilmi padhakonan, sagêd ngobong sayêktos, sayêktos angyungyunakên paningal, saking anèhipun lampah botên andhok-andhok, namung tansah minggah, sarêng andhok ambêdhil isining sabin ngantos lubèr.

Ngilmi padhakonan dèrèng kasumêrêpan tiyang sajagad, sapunika kula gêlarakên nyudhiyani para putri ingkang kaparêng lêlangên kasukan dhakon, saiba ascaryaning galihipun bilih sampun sagêd nyakupi ngilmi padhakonan, sarananipun ngapalakên uran-uran sangang pada, nanging

--- 90 ---

kapetang sapada lêlampahan, wiwit lampah jangkêp, lajêng pêjah 1, dumugi pêjah 8. Petanging kêcik 9 x 9 = 81 x 2 = 162. Punika sagêd kadarbe ing tiyang satunggal, apalan sêkar wau mêndhêt wataking côndrasangkala, kados ing ngandhap punika:

Lampah Jangkêp: Sêkar DhangdhanggulaDhandhanggula (dan di tempat lain).

trustha rasa manising thi-athi ... 9.6.6.2 / suci pandhawa ngobahkên wignya ... 4.5.6.3 / tirta sapta warnining we ... 4.7.5.4 / binabah buta rêtu ... 9.5.6 / lènging karna tirta kang manis ... 9.2.4.6 / trusing pandhita juga ... 9.7.1 / wignyaning para rum ... 3.6 / cinatur karna kagunan ... 4.2.3 / côndra catur ... 1.4 / sang arasêksa rasêksi ... 9.5.5 / karasa anyanjata ... 6

Pejah 1: Sinom

wil tri wignya nêbak tirta ... 5.3.3.2.4 / ji ro lu nata karna ji ... 1.2.3.1.2.1. / pandhita dwi gunasara ... 7.2.3.5. / wiku dwi wignyanglèng suci ... 7.8.8.9.4.

--- 91 ---

guna nêmbah we gati ... 3.2.4.5. / astha dibya karna wiku ... 8.5.2.7. / bayu rasa lar tiga ... 5.6.2.3. / catur trus obah wong kalih ... 4.9.6.1.2. / wiku lima dwi bujôngga sinanjata ... 7.5.2.8.

Pejah 2: Dhangdhanggula

buja catur krasa ngèsthi gêni ... 2.4.6.8.3. / sapta karna bauning pandhita ... 7.2.2.7. / ngèsthi buta tri rasane ... 8.2.3.6. / buta tri mata iku ... 5.3.8.1. / dwi ekane angèsthi tunggil ... 2.1.8.1. / tri tunggal yaksa juga ... 3.1.5.1. / siking bumi rêtu ... 3.1.6. / guna ro catur dwi astha ... 7.6. / asta rasa juga wiku trus bumi tri ... 1.7.9.1.3. / sapta lèng hèr nyanjata ... 7.9.4.

Pêjah 3: Asmaradana

tri yaksa gunaning rêsi ... 3.5.3.7. / song buta tri godhong obah ... 9.5.3.1.6. / buja ro yêksa goranglèng ... 2.2.5.7.9. / sasadara gunèng warna ... 1.1.3.4.

--- 92 ---

yèn pindho siking karna ... 1.2.3.2. / suta tri nabi karungu ... 1.3.1.6. / janma kalih anyanjata ... 1.2.

Pêjah 4: Asmaradana

catur rasa ngèsthi gati ... 4.6.8.5. / katon nabi gunèng karya ... 3.1.3.4. / netranglèng iku candrane ... 2.9.1.1 / karnèng nabi sutaguna ... 2.1.1.3 / trus rasa wignya nêmbah ... 9.6.3.2. / wong loro pangrasanipun ... 1.2.6. / cature arsa nyanjata ... 4.

Pêjah 5: Dhangdhanggula

buta sapta wiwara satunggil ... 5.7.9.1. / ji ro lu pat tri wiku pandhawa ... 1.2.3.4.3.7.5. / catur manis tri saptane ... 4.6.3.7. / ji pat jalu ji wolu ... 1.4.1.3.1.8. / karna catur sapta kang manis ... 3.4.7.6. / wong mônca lar we buja ... 1.5.2.4.8. / sadbuta trus caksuh ... 6.5.9.8. / tri catur dwi ji ji sanga ... 3.4.2.1.1.9. / wignya manis ... 3.6. ji astha dwi rasèng janmi ... 1.8.2.6.1. / hèr bayu wong nyanjata ... 4.5.1.

--- 93 ---

Pêjah 6: Sinom

môngka sucining kawignyan ... 4.3. / ji ro lu bau rasêksi ... 1.2.3.2.5. / kêkalih rasèng pandhita ... 2.6.7. / pandhawa saekakapti ... 5.1.1. / angèsthi dewa rêsi ... 8.1.7. / suta kalih wani padu ... 1.2.1.6. / wêka tri trus manêmbah ... 1.3.9.2. / tri asma bayu lar warih ... 3.2.5.2.4. / lu ji lu pat ... 3.1.3.4. dwi wong wignya ngrasa tunggal ... 2.1.3.6.1.

Pêjah 7: Asmaradana

dwarastha ingkang kaèsthi ... 9.8.8. / ngrasa wignya catur papat ... 6.3.4.4. / wani pandhawa rasane ... 1.5.6. / rêsi ro lu tunggal tata ... 7.2.3.1.5. / ji ro ji lu myang ji pat ... 1.2.1.3.1.4. / eka astha eka catur ... 1.8.1.4. / ji ro ji nga anyanjata ... 1.2.1.9.

Pêjah 8: Asmaradana

ngèsthi èsthi pandhita tri ... 8.8.7.3 /

--- 94 ---

yaksa loro anèng tirta ... 5.2.1.4. / kawignyan catur kanthine ... 3.4.2. / wani yaksa paksa guna ... 1.5.2.3. / janma catur sikara ... 1.4.2. / lima nênêm wolu wolu ... 5.6.8.8. / buja tiga sikarastha ... 2.3.2.8.

Tamat

--- 95 ---

Gandhènging Basa

--- 96 ---

Gandhènging Basa

[Grafik]

[Grafik]

--- 97 ---

Sêrat Basa Walaka

Pêthikan saking sêrat Beeletrie (= têmbung bêcik) taun 1893 ingkang kawêdalakên ing pangêcapan A. Rusche kala ing tahun 1898, ing mangke dipun sarahi dening Ngabèi Wirapustaka, Mantri Radyapustaka Ing Surakarta

Surakarta Taun 1918

--- 98 ---

Gandhènging têmbung ingkang pinanggih ing dalêm sêrat-sêrat utawi ingkang pinanggih ing pawicantênan sawontênipun, dipun kalêmpakakên lajêng dipun urutakên dêntaywanjananipun, sanadyan dèrèng môntra-môntra têlas kalihan kawontênanipun têmbung, nanging sampun lowung kangge ular-ular pados panunggilanipun, dene ingkang langkung pêrlu dados panuntuning basa botên kuwangsul kêcaping basa, kuwangsuling kêcap (jêro jaba) angrisakakên manah kados mirêng ungêl nyênyêngit, têmbung ingkang sampun dados gandhenganipun (kiwa têngên) punika botên beda kados tiyang sêsemahan agêndhonrukon, kakèn-kakèn, ninèn-ninèn, manawi winalik dados: têngên kiwa, nama risak, utawi pêgat, risaking têmbung sami ugi kalihan pêgating tiyang sêsemahan, mila ing sasagêd-sagêd sampun ngrisak gandhènging têmbung, sasat ngrisak katêntrêman.

Surakarta taun 1893.

[Tanda tangan Ki Wirapustaka]

--- 99 ---

anak putu: tisna dhatêng anak kalihan dhatêng putu, mila anak dipun kêcapakên rumiyin.

anak bojo: mênggahing tiyang alit pêrlu anak kalihan bojo, dados kosokwangsul mênggahing tiyang agêng: garwa putra, pêrlu garwa kalihan putra, santun garwa dados cacad, tiyang agêng awis ingkang wayuh dening wênang nyêlir sakarsanipun, langkung malih pindhahan, saya awis-awis, nanging tiyang alit santun-santun bojo botên winastan cacad, dening bojo awis ingkang purun dipun maru utawi dipun sêlirakên, pilampu purun dipun pêgat, Zie garwa putra.

èndhèk dhuwur of dhèkwur: santosa ingkang andhap kalihan ingkang inggil.

enthong irus, ora…: pêrlu enthong kalihan irus.

udan angin: maidahi jawah kalihan angin.

adas pulasari: pêrlu adas kalihan pulasari.

esuk sore: rumiyin enjing kalihan sontên.

--- 100 ---

hawa nêpsu: punika têmbung rangkêp.

ala bêcik: gampil sangêt anglampahi pandamêl awon, kosokwangsulipun angèl sangêt anglampahi pandamêl sae.

adhêm panas: paidah asrêp kalihan panas, sanadyan griya kabêsmèn, winastan kêtoyan.

iya ora: lêgi kalihan kêcut.

uyah asêm: pêrlu sarêm kalihan asêm.

uyah trasi: pêrlu sarêm kalihan traos.

eman ewuh: punika têmbung rangkêp.

amis bacin: amis taksih kenging pinuwung, bacin botên.

êmpuk atos: sae êmpuk kalihan atos mênggahing têtêdhan.

ombak bèji: gampil ombak kalihan bèji bilih kangge pêthekan.

--- 101 ---

agal alus: gampil agal kalihan alus.

iblis laknat: setan kenging ing bêbêndu.

abang: abang irêng, abang putih, abang biru ... sae abrit kalihan sanèsipun

nabi wali: rumiyin nabi kalihan wali.

cukêng rêngkêng: punika têmbung rangkêp.

catur: nyatur, anggunggung, kathah tiyang ingkang rêmên nyatur kalihan anggunggung.

cilik gandhik, gêdhe gombong: aji ingkang alit kêncêng, kalihan agêng kêndho.

cambah kêmangi: ecaning cambah dipun wori kêmangi.

cabe cêngkèh, cabe lêmpuyang ... abêning jampi

cabuk rambak kupat: abêning têtêdhan.

cèthèk jêro: gampil angèlipun.

--- 102 ---

cêthil blaba: ala bêcik

canggah warèng: cêlak canggah kalihan warèng

rina wêngi: kangge siyang kalihan dalu

ratu patih: sotya lan êmbananipun

rowa ringkês: sae rowa kalihan ringkês

rupak longgar: gampil rupak kalihan longgar, rinupak binutuhake

raja pundhut: lêladosan mirunggan

rajabrana: gandhènging têmbung

rama ibu KI: zie bapa biyung

rêbo sêtu: dintên Rêbo Sêtu, Rêbo Sêtu, punika pasowanipun wadana panêgar sapanêkaripun, wontên ing pagêlaran, damêlipun anêgari kagungan dalêm titihan kapal, kakitêrakên wontên ing alun-alun, sawênèh kalajo ngubêngi balowarti kadhaton, ngalêmpakipun [ngalêmpa...]

--- 103 ---

[...kipun] wangsul dhatêng pagêlaran malih. Utawi pangguyanging kapal rakitan dhatêng ing lèpèn, dipun tumpaki lagaran.; Tingkêban, têtakan, sunatan, milih ing dintên Rêbo Sêtu wau ing salah satunggal.

rôngga dêmang ngabèi (jaman kina): inggil rôngga kalihan dêmang, nanging abdi ing Mangkunagaran, dados kosokwangsul, inggil dêmang kalihan rôngga.

kèh: akèh sathithik, punika sami kalihan sugih mêskin.

kunir ênjêt, kunir asêm ... gandhènging têmbung

kinang rokok: ing Sêrat Panitisastra mungêl: wong tanpa nginang kalane sami / lêlungguhan anèng pasamuwan / pucat rai lambe putèh blz. 89.8.

kêndho kêncêng of dhocêng: gampil kêndho kalihan kêncêng.

kênthang kimpule, eba wêruh…: sami kalihan ora wêruh bongkot pucuke (wiwitan lan wêkasan).

kêras, alim: gampil nêpsu kalihan ngunjara nêpsu.

krama ngoko: sae alus kaliha nasar.kalihan kasar.

--- 104 ---

kurang luwih: punapa manungsa namung rumaos kirang botên nate gadhah rumaos langkung.

kaki nini: paidah kaki kalihan nini.

kakang adhi: sadhèrèk sêpuh angrumiyini sadhèrèk nèm samukawisipun.

kidang mênjangan: punika sami garu wluku, utawi kiwa têngên, kados kuwangsul.

kêtan kolak: nuwuki kêtan kalihan kolak.

kêtan srikaya: id.

katiga rêndhêng: ingkang botên sami sangêt, sakeca katiga kalihan rêndhêng, mênawi sangêt, botên sakeca sadaya.

kasar alus: gampil kasar kalihan alus.

kasur guling: botên mawi guling sampun sakeca.

kasur bantal: anak Walandi kathah ingkang tilêm kasur botên mawi bantal, paidahipun lampahing rah sagêd waradin.

--- 105 ---

kêsèd, srêgêp: kathah tiyang kêsèd kalihan tiyang srêgêp.

kêsèd, pêthêl: id.

kiwa têngên: saking wontênipun wadana kaliwon sêpuh kiwa.

kawula gusti, pamoring…: tanpa kawula botên wontên gusti.

kalah mênang: gampil kawon kalihan mênangipun.

klasa bantal: sagêd tilêm namung kalihan gêlaran.

kluwak kêmiri: namung gandhènging têmbung: makatên wau.

kupat monjit: mathuking kupat, kalihan monjit

kupat gudhêg: id.

kêplèk kècèk, dhadhu posing: gandhènging têmbung makatên wau.

kêmbang borèh: gandhènging têmbung makatên.

kêbo sapi: aji maesa kalihan lêmbunipun.

--- 106 ---

kobis boncis: gandhènging têmbung makatên wau.

kêbluk mulur: sae kêbluk mulur kalihan gêtapan cugêtan atèn.

kêthuk, kênong, gong: uruting iramaning gêndhing, makatên wau.

doh cêdhake, sapira: ingkang kalêbêt ing pamikir prakawis têbih, mila dipun kêcapakên rumiyin.

dina pasaran: dintên kangge nagari, pêkênan: dhusun.

dandang kèncèng: dandang kangge bêthak, kèncèng kangge ngaru.

dringo bêngle: gandhènging têmbung.

duka cipta: susahing manah.

dom bolah: gandhènging têmbung.

tai uyuh: gandhènging têmbung.

tindak tanduk: id.

takêr têdhak: lêladosan sajawining paos.

--- 107 ---

tukar padu: gandhènging têmbung

têka lunga: tiyang sade ratêngan laris, ingkang tumbas dipun basakakên têka lunga

tuwa anom: sami kalihan gêdhe cilik

tulah sarik: kangge ukaranipun tiyang pasisir

tape êmpog: gandhènging têmbung

tapih kêmbên: id

tumbar trawas, id

tumbar jintên, id

tumbak kêris: corok waosipun kalihan dhuwung = waos ligan botên dipun sujanani, nanging tiyang ngliga dhuwung dipun tokakên ngamuk

tumbak bêdhil: gampil dêdamêl waos kalihan sanjata

sênèn kêmis: Sênèn Kêmis punika dintên agêng pasewakan, Ingkang Sinuhun [Si...]

--- 108 ---

[...nuhun] Kangjêng Susuhunan lênggah ing sana sewaka kaadhêp kangjêng gusti pangeran adipati anom sarta para pangeran putra santana, riya panji wayah buyut dalêm. Kangjêng radèn adipati sowan magêlaran kalihan bupati jawi lan panêkaripun. Bupati lêbêt sowan ing srimanganti ugi sapanêkaripun. Pangeran kolonèl sowan ing srimanganti wetan kalihan para mayor kaptin upsir. Bupati pangulu sowan ing surambi kalihan para kêtib ngulama, andhawuhakên karampungan bab gana-gini talak waris wasiyat, bupati jaksa sowan ing pradata (ngajêng gapura masjid) sakancanipun jaksa kori sarayuda, andhawuhakên karampungan parapadu, tiyangipun ingkang kadhawuhan karampungan, malêbêt ing kênthêng, sêrat karampungan kawaos dening jaksa wontên sajawining kênthêng, dene prakawis kadurjanan kadhawuhakên wontên ing kunjara dening panèwu jaksa sakancanipun.; Manawi wontên paukum kisas katuwêg, utawi kagantung, nuju ing dintên Kêmis, karampungan kadhawuhakên wontên ing alun-alun.; Pasowanipun pangeran putra santana dalêm kapalih, Pangeran Sênèn, kalihan Pangeran Kêmis.

sunat pêrlu: kathah ingkang mêrlokakên pandamêl sunat kalihan pêrlu.

--- 109 ---

sendhok porok: pêrlu sendhokipun kalihan porok.

sandhang pangan: sêpuh sandhang, bayi lair ngangge popok rumiyin.

sêndhang pancuran: agêng paidahing sêndhang kalihan pancuran.

sunthi kêncur: gandhènging têmbung.

sor: asor unggul, tiyang kasukan ngabên sawung, kadugi notohi ingkang kasor yèn dipun kaoti yatra tohipun.

srêgêp, mlincur: gandhènging têmbung.

sida wurung: id.

sudra papa: id.

solahbawa muna-muni: dados panêngêraning awon saening manah.

slèdri kapri: gandhènging têmbung.

salam laos: id.

--- 110 ---

sêga iwak: pêrlu sêkulipun kalihan ulam.

sêga sambêl: id.

sêga jangan: id.

sogatingi: gandhènging têmbung.

sugih mêskin: ciptaning manah rêmên sugih, ngantos kawêdal pujinipun bilih têkèk mungêl sugih, mêskin, bilih dhawah sugih ayêm.

sabuk klambi: gandhènging têmbung.

sêngit, trêsna: id.

wi gêmbili kimpul: id.

wor misah: id.

wêdi wani: id.

wadana kliwon, panèwu mantri: a. panèwu mantri

--- 111 ---

b. rôngga dêmang ngabèi; c. lurah bêkêl, jajar; d. kori sarayuda.

wedang panganan: pisêgah wedang ingkang pêrlu, panganan: samiran.

wetan kulon: zie lor kidul.

wis, durung kalakon: sampun kalampahan: gampil, dèrèng kalampahan: angèl.

wiwitan lan wêkasan: gandhènging têmbung.

wayah buyut, canggah warèng: uruting turun

lair batin: ingkang sae lair batos: sami

lanang wadon: kuwasaning jalêr angungkuangungkuli. èstri

Lônda Cina Êncik Koja: gandhènging têmbung.

lintang rêmbulan: id.

lurah bêkêl jajar: zie wadana kliwon gett b.

--- 112 ---

lor kidul, wetan kulon: gandhènging têmbung.

lara lapa: id.

lara pati: sakit rumiyin lajêng pêjah.

laki rabi: sami kalihan jalêr èstri.

ladha pindhang: abênipun jangan ladha: pindhang.

lumah kurêp: gampil malumah kalihan mangkurêb.

lombok terong: kangge lombokipun kalihan terong.

lêgi gurih: gandhènging têmbung.

lêbak wukir: êloh lêbak kalihan wukir.

pèn mangsèn: gandhènging têmbung.

panas pêrih: takrewangi panas pêrih, punika sami kalihan taklabuhi lara lapa: suprandene ora kêtrima.

panèwu mantri: zie wadana kliwon.

--- 113 ---

pondhong pikul: rêkaos tiyang mondhong akalihan mikul

panjang piring: namaning balapêcah (bokmanawi saking: barang pêcah)

panjing suruping pati: lêbêting gêsang wêdaling pêcahpêjah.

picak mêlèk: punika timbanganipun pêthèkan yatra lumah kurêb, yatra satunggal, picak mêlèk, yatra kalih, manawi pinanggih gèsèh: picak, manawi rujuk: mêlèk

purwaduksina: lor kidul

purwa madya wasana: wiwitan, têngahan, wêkasan, ingkang kangge: miwiti malah mêkasi

pati urip: kathah sambekalaning pêjah salêbêtipun gêsang

pête jengkol: kangge pêtenipun kalihan jengkol

putra wayah: trisna anak kalihan putu

pasa mulud: siyam, saminipun taun baru, mawi halal ba halal, (apuntên ingapuntên)

--- 114 ---

pisah kumpul: gampil pisah kalihan kumpul

pêlêm kuwèni: adi pêlêm karo kuwèni

podhisari murmak daging: gandhènging têmbung

padhas pèrèng: id

pêdhês asin: dhisik rasaning pêdhês karo asin

padhang hawa: gandhènging têmbung

padhang pêtêng: rina wêngi

pinggir têngah: gandhènging têmbung

dharatan lautan: gampil dharatan kalihan lautan

dhêdhak mêrang, sa ...: aji dhêdhak karo mêrang

dhadhu posing: gandhènging têmbung

dhudhuk lumpur: ladosan sasanggenipun tiyang alit

--- 115 ---

jae sunthi: gandhènging têmbung

jaka prawan: id

jaksa pangulu: id

jadah jênang: id

juwèh amêm: sami botên sae

jambu jêruk: gandhènging têmbung

jêmbar ciyut: aji jêmbar kalihan ciyut

jambe suruh: gandhènging têmbung

jaba jêro: saking kintênipun patih ing jaman kina, patih jaba nyêpêng bang-bang pangalum-aluming praja pangkat adipati, patih lêbêt nyêpêng thêkliwêr salêbêting kadhaton apangkat bupati.

jungkat suri: rumiyin jungkatan kalihan sêritan

nyoga nglorod: id

--- 116 ---

moh arêp: suba sitaning basa dipun tawèni botên ajêng, dipun kèn rumiyin: narimah kantun

mênang kalah: pangangkahing manah samukawis kajênging manungsa namung nêdha mênang, tundhonipun kathah ingkang dhumawah ing: kawon

mandhêg tumolih: mandhêg rumiyin lajêng nolèh

mrica pala: pêrlu mrica kalihan pala

mêrêm mêlik: mêrêm sajatosipun taksih mêlèk ngangên-angên ingkang taksih kalêbêt ing manahipun

murmak daging: crakèn warni tiga: mur, mak lan daging

mas intên: sayêktosipun aji êmas kalihan intên, êmas kartajinipun wontên ing bobot sarta lèlèr, prasasat sami kalihan yatra, nanging intên wontên ing sênêng parêng

mas picis rajabrana: sadaya wau kasor kalihan mas

malam lancêng: pêrlu malam kalihan lancêng

malang mujur: makèwêdi kalihan botên

--- 117 ---

mangan turu: priyayi katarimah damêlipun angsal têdha nganggur (pènsiyun)

mangan nginum: sasampunipun nêdha lajêng ngombe (andrawina)

gantungsiwur: uruting turun

gêndhon rukon: rukunipun kados gêndhon, botên nate kesah-kesah

gendhong pikul: rêkaos tiyang èstri anggêgendhong kalihan tiyang jalêr amêmikul, dening barangipun rumakêt ing gêgêripun

ganthi mêsoyi: gandhènging têmbung

garwaputra: punika dados kosokwangsulipun: anak bojo, mênggahing tiyang agêng pêrlu garwa kalihan putra, santun garwa nama cacad, tiyang alit: botên, zie anak bojo

gropak sendhe:senthe. uruting turun

gotong royom of royong: rukunipun tiyang alit sami tiyang alit

gula asêm: gandhènging têmbung

--- 118 ---

sula tèh:gula tèh. id

gula bubuk: id

gêdhe cilik: pêrlu tiyang agêng kalihan tiyang alit, senapatining prang: tiwas, prajurit taksih wêtaham,wêtahan. ambalêdug bibar sasaran

gêdhe dhuwur: dados kosokwangsulipun èndhèk cilik

gêdhe gombong: dados kosokwangsulipun cilik gandhik

gêdhèn kômpra: gampil kengingipun agêng-agêngan kalihan komprang (sêtotêr)

gêdhang ayu suruh ayu P.L.72-11: sawênèh amastani: gêdhang agung suruh agung: punika sajèn dhatêng dhukun

godhong kayu: gandhènging têmbung

gêmpol plèrèt: id

gampang angèl: sampun amastani

gambir jambe: gandhènging têmbung

--- 119 ---

gambir bako: gandhènging têmbung

gabug aos: gampil cidra kalinkalihan. têmên

bau suku: bau suku punika botên namung bau kasar sanadyan bau alus, inggih kalêbêt ing ungêl-ungêlan wau, awit anjingipun kasar alus sami arêrencang

bênêr luput: ancasing manah namung dhatêng lêrês, malèsèd, dados nama lêpat, dados lêpat punika botên dipun maha

bênce tuhu: lanang wadon, dening bênce jalêr, tuhu èstri

bendha laos: gandhènging têmbung

bôndha bau: punika ingkang nama: rukun agawe santosa

brèh gêmi: gampil brèh kalihan gêmi

bêras pari: uwos sampun dados rijêki, pantun: dèrèng, tarkadhang wangsul dados wiji

brambang lempuyang: gandhènging têmbung

--- 120 ---

brambang bawang: gandhènging têmbung

bata watu: id

botor kêdhawung: id

batal karam: id

bapa biyung: kuwasa bapa kalihan biyung

bêgja cilaka: pangajêng-ajênging manungsa namung dhatêng bêgja, sanadyan kêrêp kambah ing cilaka, nanging botên ngrumaosi, tiyang salêbêtipun anglampahi pandamêl awon taksih ngajêng-ajêng sae

bumi langit: ingkang kaambah: bumi, ingkang katingal: langit

bèbèk pitik: mênawi ulamipun eca ulam ayam, kajawi saking eca, sawung abênan dede timbanging aji kalihan kambangan, kambangan satunggal kathah-kathahing rêginipun namung sarupiyah, wangsul sawung abênan satunggal rêginipun ngantos dasanan rupiyah, punapa pêthinganing kambangan têka dipun rumiyinakên kêcapipun, bèbèk pitik, dening kambangan jalêr satunggal, sagêd ngêcaki kambangan èstri salangkung, wangsul sawung namung sagêd ngacaki babon kathah-kathahipun gangsal, dados prawira kambangan kalihan sawung.

--- 121 ---

bêbêd ikêt: sagêd kesah namung kalihan bêbêd

bathik lurik: bathik kangge pasamuan, lurik botên

bungah susah: kathah kabingahan kalihan kasusahan, katôndha salêbêting susah anggêgantosakên namung badhe kadamêl bingah salêbêtipun susah

bongko pelas: gandhènging têmbung

ngisor dhuwur: gampil ningali ngandhap kalihan nginggil, gampil anglêpatakên sosoran kalihan inggil-inggilan, punapunapa. botên makatên

--- 122 ---

Buddha, Sêrat Rama Kêling

--- 123 ---

Sinom

1. sinêkaran roning kamal / ingkang pinurwèng ing kawi / Sri Bathara Ramadewa / duk arsa nambak jaladri / wadya wre pêpak sami / dene ingkang anèng ngayun / nênggih Radèn Lêksmana / sarta Radèn Adipati / Wibisana ingkang ngundhagèni rêmbag //

2. Adipati Wibisana / cahyanira manthêr wêning / têrsôndha matur raharja / jroning manah mingis-mingis / lir surya mêdal enjing / sumirat bang langitipun / marbabak ingkang arka / marah-marah kirna bumi / amung nganti wiyose andika nata //

3. têgêse langit kang jarwa / ratu rama saupami / abang saking Wibisana / wukir Sugriwa upami / marah ing jaja abrit / kang awit sru nirèng atur / Dyan Arya Wibisana / manêmbah aturira ris / sêmu sumèh tatrap trêpsila ing krama //

4. tinata pasilanira / suku katon dèn sasabi / ing kampuh palangi jênar / kêlatbau anting-anting / gagêlang dèn kêncêngi / angêlus ali panuduh / pan sarwi ngêpêl asta / jêmpol ngadêg luwês manis / ngapurancang anglênggak cangklakanira //

5. lambung kang kanan ingêmbat / kang kering kaparèng wuri / jôngga manglung mènglèng ngiwa / amrih karna kang miyarsi / baranyak ngrêspatèni / sawatara sigrakipun / têmbung ririh èsêman / gumujêng tan ngrêkasani / ing polatan api nora tur pratela //

6. adhuh anggèr sri narendra / kang pinujèng jayèng jurit / sagung bupati palwaga / punapa karsa mêpêti / ing saidêring bumi / kula gusti kang umatur / rayi tuwan Kiskêndha / dinangu untabing baris / sêngkut sêsêk parentah botên rêkasa //

7. sadaya karya tan gothang / sampun wontên kang nitèni / yèn arsa dhustha kang lêpas / têbih angèl ewuh rêmpit / sanajan muluk sungil / putra tuwan datan ewuh / Radèn Bayutanaya / yèn konangan jroning puri / tan sumêlang gêpuk kang bôndayuda //Kurang satu suku kata: tan sumêlang gêpuk ingkang bôndayuda.

8. yèn ngêmban layang panantang / putra tuwan Bayusiwi / saguh sagêd sagah kêras / sura jênggilêng tur wani / sudibya tatag wêgig / botên ulap dadya campuh / patitis cêtha gênah / botên mundhak dèn dhawuhi / botên suda nyamlêng ingkang pangandika //

9. yèn dangu jêmbaring jagad / pun Darumina udani / kalo jangkêpirèng jagad / sagêd ngambah ing wiyati / Radèn Andayapati / punika pan sagêd mêmumbul /Lebih satu suku kata: punika pan sagêd mumbul /.

--- 124 ---

nanging kantun waskitha / kantun sêpuh suryasiwi / kalih sagêd karya pêtêng jroning padhang //

10. yèn amangun dalêm pura / pun Anala ngundhagèni / rêrênggan kadhaton pelag / murwèng guthat-guthit masis / pituwin kayu murni / ingukir rêmit tur bagus / akik mirah pakaja / punika kang dipun ukir / anggitipun sami lawan suralaya //

11. kang kinarya ngukir asta / kanakanya kanan kering / yèn kapêgok parangmuka / akêndêl tur misesani / lan kiyat bêdhol wukir / kinarya anambak laut / kalamun dangu tanah / kapi Jêmbawan udani / dèrèng ngambah tanah pan sampun waskitha //

12. yèn arsa mundhut dhaharan / sata Bali tuhu koki / sakèhing olah-olahan / punika pan dèn ungkuli / wadya sakit mèh lalis / mulya mangan sayuripun / kalawan mundhut marga / druwenda tuhu undhagi / lêmpêng rikat ing karya datan rêkasa //

13. jêng gusti yèn dalu mêlang / kadhatêngan maling sêkti / wontên kang darbe bubuhan / kapi Menda kang jagèni / tan kenging dèn sirêpi / lisah gônda sipatipun / mêlèk ngantos nêm wulan / têbih ngantuk lawan arip / pêparinge Bathara Yamadipatya //

14. kalih kêlar amandhia / gada kancana satiris / panjangipun kalih dhêpa / pêngkuh misesani maling / mituhu dèn dhawuhi / sumêrêp lêbêting pandung / midêr tan mawi sayah / puniki punggawa luwih / ingkang pantês kinulawisudhèng nata //

15. asagêd mring kawruh tanêmanLebih satu suku kata: sagêd mring kawruh tanêman. / sawarnining sari-sari / tanapi kang palakirna / miwah sanggyaning rijêki / tuwin pêthètan margi / mawèh ayêm eyup edhum / eca sagung lumampah / toya mili urut margi / sakèh taru kapijêmbawan uninga //

16. pakèwêd wontên dahana / punggawa ingkang nyitèni / Sang Wisanggêni prawira / sagêd manjing jroning api / latu datan manasi / kadi toya asrêpipun / abêtah pintên warsa / saka rajah asta kalih / rajah api kuwasa damêl dahana //

17. andangu bangkiting sastra / kawistara tuhu carik / sagêd sakathahing sastra / nulis nêngên ngiwa wasis / yèn surat liya prapti / lami kirang pitung dalu / dhatênge wus uninga / jroning sêrat sampun uning / lagi prapta wangsulane sampun dadya //

18. kawula eraming swara / lêga agêng bustas gilig / ngêlik agêng alit cêtha / lampahan sadintên ugi / manawi maos lirih / galêndêm suwaranipun [su...]

--- 125 ---

[...waranipun] / manawi tinungkulan / cêtha botên barêbêgi / kanthi arum wacana angon carita //

19. pakèwêd wontên jro toya / punggawa ingkang nyitèni / Rahadèn Nila Saraba / Sang Hyang Ôntaboga siwi / sagêd manjing jaladri / kadi dharat padhangipun / abêtah pintên warsa / saking supe manik warih / pêparinge Hyang Bathara Ôntaboga //

20. punika lamun dinuta / umanjing lêbêting bumi / lumampah kadi dharatan / gunung sela dèn usapi / bêngkah pan dadi margi / kuwasanipun kalangkung / dene langkung prakosa / jêng gusti yèn arsa mijil / warih sira sagêd karya banjir bandhang //

21. sanajan botên manjinga / Nila Sraba pan udani / saisènipun sagara / kali kalèn sipat warih / jêro cèthèk kaèksi / punika kuwasanipun / abdi tuwan wre nambak / manut punggawane sami / datan ewah ing karya sagêd sadaya //

22. sagung bupati palwaga / tumiling ing atur manis / ature Rahadèn Arya / Wibisana ngrêspatèni / dongèngira bupati / kèh sami kalêbon lêmut / bupati kang dèn ucap / kaprawiraning ajurit / sêmu isin ing batin rada kaduga //

23. wontên ingkang nolih wuntat / wênèh nyukil-nyukil siti / wontên ingkang angujiwat / wênèh nolih nganan ngering / kaja kang konjêm siti / mung Sang Dayapati tanduk / ginunggung malangkadhak / mangkorog ingêntrog wêntis / sila dhèngèk ngawêt lathi gigit waja //

24. lir sinêntak pra dipatya / gujênge asukèng galih / sira Sang Rama Lêksmana / Wibisana dèn pêrpêki / rinangkul têmbung manis / yayi bênêr turirèku / dhêku Sang Wibisana / Narpati Rama nambungi / yèn mangkono dhawuhna nambak sagara //

25. rikating natèng Kiskêndha / dhinawuhan maring gusti / lembat marang Sang Anoman / Darumina kang nampèni / dêdêl marang wiyati / ngidul bêkta gonènipun / Dyan Arya Wibisana / Anoman dipun gondhèli / mangke anggèr sampun kasusu ing driya //

26. jêmbar ciyute kang tambak / anggèr ingkang amatawis / sandika Radèn Anoman / lèngsèr ngarsane narpati / lajêng mumbul wiyati / ngidul bêkta goni sampun / nusul Dyan Darumina / ing pasisir kidul prapti / kalih pisan bêdhol tal kangge cancangan //

27. wus patut jêmbaring tambak /

--- 126 ---

kalih siyang dèn dharati / punggawa kalih gya prapta / ngarsaning sri narapati / matur sampun prayogi / kalih siyang wiyaripun / Dyan Arya Wibisana / alon pangandikanya ris / pan sumôngga yayi prabu ing Kiskêndha //

28. punapa ingkang rinasa / jêmbare wus dèn watêsi / jênggirat Prabu Sugriwa / Radèn Rama Dayapati / mumbul marang wiyati / dêdêl ing akasa sampun / krura sang kadi gêlap / gumaludhug ing wiyati / bumi gonjing praptèng nagari Ngalêngka.