Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Têmbung Bêcik, Padmasusastra, 1898, #13

Katalog:Têmbung Bêcik, Padmasusastra, 1898, #13
Sambung:-

Layang BELLETRIE = Têmbung bêcik

--- 0 ---

Kaimpun saka ing layang kuna kuna sarta kaurutake dêntaywanjanane. Dening Ki Padmasusastra, Wong mardika kang amarsudi kasusastran Jawa Ing Surakarta Taun 1893

Kaêcap ing pangêcapane Tuwan ALBERT RUSCHE & Co Ing Surakarta Taun 1898

--- [0] ---

Sasumêrêp kula kados dèrèng wontên para marsudi kasusastran, ingkang karsa nglêmpakakên sawarnining têmbung sae karanganipun para pujôngga ingkang pinanggih ing dalêm sêrat-sêrat kina, môngka pancèn pêrlu kanggenipun, kadamêl pêpiritan pandamêlipun sêrat gancaran sarta rêrêpèn sapanunggilanipun, awit tiyang damêl sêrat bilih sampun sagêd ngiribi yasanipun para pujôngga, sampun nama sagêd, mapaki utawi ngungkuli, kados tangèh, prayogi ngirib-irib kemawon, bok bilih dangu-dangu sagêd cêlak, mila kêdah gadhah pawitan sumêrêp ukara ingkang kenging winastan sae, nanging sapintên kemawon kangelanipun nitèni ukara sae. Ing sasagêd-sagêd sampun kula ayoni maos sêrat-sêrat kina karanganipun para pujôngga, pikantuk sakêdhik kalih kêdhik kula cathêt sarta sapunika sampun ngalêmpak sawatawis, lajêng kula tata saha kula urutakên dêntaywanjananipun, supados gampila pangupadosing (carma) [...]Naskah rusak. ingkang dipun kajêngakên, sanadyan dèrèng mohrana [...]Naskah rusak.

--- [0] ---

kapi kalihan pêrluning panganggit, nanging inggih sampun lowung kenging kadamêl ular-ular, sêrat punika kula namakakên BELLETRIE têgêsipun kalêmpake têmbung sae.

Kaimpun dening Ki Padmasusastra

--- 1 ---

anak

anak anung anindita, P.W., 213-3 v. o. anung Kw. = kuwasa, nindita = linuwih.

enak

menaka tyas sabalane, Rm. 67 v. o.

inte

juru panginte ing jurit, Rm. 493-1 = têlik.

untu

a. Untunipun anglangkungi panjang sarta landhêpipun ( mung nganggo: ipun, siji), 1001. N. I, 387-5 v. o. | b. untu manungsa: ana têlungpuluh loro, K.T. 24 (47) 7.

antara

mangan nendra ing siyang pantara dalu, Kantj. 10 p. 34.

ôntakusuma

Binêktanan rasukan Ôntakusuma, tuwin caping basunônda, punapadene tarumpah padakacarma, sinungakên ing Sang Parta, W.W. 68-9 dadi anan [...]Naskah rusak.

--- 2 ---

mbi Ôntakusuma ora dhèk jaman kuwalèn, kaya kang kêsêbut ing layang babad, wis dhèk jaman kadewatan.

untung

Karodene Si Untung iku wong têka kadohan. B.T.B. 392-6 v. o.

hindhu

Ing layang Sandhamani anggitane pujônga Hindhu, ana bêbasane mangkene: piwulang bêcik iku tanpa gawe mungguhing wong ala Sing, P. Verh, 208-3 v. o.

êndhak

mêndak-mêndhak alingan padhang. P. 171-3 v. o.

êndhog

Sapatarangan sarêng apêcah. B.T.D. 535 8.

anuman Skr. Hanuman.

Kalanipun Anuman kabêsta, dênawa sadaya akalihan Meganônda, sêru sami ngujar-ujari dhatêng Anuman, lumajêng sarta surak, sabalanipun sami ngangsêg, kêbak [kê...]

--- 3 ---

[...bak] sarta jêjêl ing panggenan, singa majêng anuju ing dêdamêl, sarta agitik, Anuman botên karaos sakit, upaminipun wêsi dipun gitik ing gêgitik timah, J.Z.I. 319-5.

êntha

ngêntha asasênggrang mênthang jêmparing. Rm. 492-3. | ngêntha hasa Kw. = kêsusu zie krura.

ora N. botên K.

a. Ora kêna kinayangapa. P.I. 199-2. | b. Ora basa Schm. verh. Kramap. 64-10. | c. Botên wontên ingkang langkung saking punika. | d. Botên: wontên ingkang langkung saking punika.

arah

Mati sabarang takêr turuning gawe, mung arahan panêbasing bôndha, lan pagunungan kang isih têtêp ana ing bumi desa. J.Br. 43-8.

eroh = kisruh

andadosakên erohing tiyang sabaita. 1001

--- 4 ---

N.I, 385-10 v. o.

aran

a. sinung aran awasta ... P. 74-2. | b. pan ingsun iki pêpatih, ranku ring rat Lêmbusura, H.S. 95 p. 9.

urdi = idi

a. dene buyute sinungan urdi ing Sri Maèspati, H.S. 258.p. 5. | b. apisadu anambukanambut. karya pribadi, olèh urdine sapa, M. M. 9-7.

èrèd = narik

awit ora angèrèd marang pagawe ala, Dr. W. 32-8.

ardawalepa = ambalèkake ujar.

iyah: ardawalepa wong iki. P.I,67-6.

arêp en apa

Tuwan: sampeyan badhe ajêng punapa, 1001 N. II, 481-3 v. o.

--- 5 ---

urip

a. urip iku angungkuli pangan, badan iku angungkuli panganggo, Indj II, 12 (25) 151 (23). | b. sanadyan urip iku akanthi kasusahan akèh, iya uga manis, Dier verh 17.5.

urup

têlu saurupan. zie pidak pandarakan.

arjuna

a. Sang Arjuna ningali: tumuntên majêng, ing sêmu kajodheran, ngalokè ningali pratingkahing mêngsahipun, dene sami sadhèrèk, botên wontên tiyang sanès, wontên ingkang anaking bapa, tuwin anaking biyung, saha anaking uwa, wontên ingkang kêprênah paman, ingkang kados Prabu Salya, Bismu,Bisma. Karpa, Druna: punika sami kaanggêp guru. J.Z.I, 294-1 v. o. | b. tumuntên enggal Sang Arjuna anggondhèli asta, mambêngi Prabu Krêsna anggènipun badhe mêjahi Bisma. J. Z.II, 73-10.

--- 6 ---

iring

Tiyang sêpuh sampun kering = kerid, 1001 .N. II, 237-5.

aku N. kula K. kawula KI rangkêp

a. Panguwasane angungkuli aku, aku ora patut angampil tarumpahe. Indj. II, 5 (11). | b. Iku ana ing aku, aku ana ing dhèwèke. id 202 (56). | c. Ingkang dados panêdhaku, kula ... J. Z I, 315-4. v. o. | d. Saking atur kula, kula aturi, B.T.D. 516-10. | e. Karsa sampeyan angêguru Jawi tuwin Kawi dhatêng kula, kula sakalangkung dhangan, J. Z.. I, 111-5 v. o. | f. Sampun kapasrahakên dhatêng kula, kula kapasrahakên dhatêng sintên-sintên, Indj.II, 123 (6). | g. Mugi sampeyan mitulungi kawula, kawula katiwasan, id. 16 (25).

iki N. punika K. rangkêp

Salêbêting sêrat kontrak punika, punika inggih ... J. Br. II, 12 en 6 art 21. | Yèn ngraosakên Korawa punika, punika rumiyin [rumiyi...]

--- 7 ---

[...n] kados pundi, P. II. 214-6 v. o.

ukir

pukiran, niet pukiran, pêpukiraning wêwangun, A.P.I.

ukara

a. Ingkang bidhal rumiyin ... lajêng ... ing wingking ... wingking pisan ... As.199-4. | b. Kala punapa anggèn kula mirsa dhatêng sampeyan kaluwèn, utawi kasatan, tuwin nênêka, miwah kalukaran, punapadene gêrah, utawi wontên ing kunjara. Indj. II, 48 (44). | c. Ora ana wong ninggal marang omahe, utawa sadulure lanang wadon, miwah bapa biyung, tuwin anak bojo apadene sawah, id. 94 (29). | d. Kang siji mêtokake satus, sijine sawidak, sijine manèh têlung puluh, id 28 (24). | e. Olèhe têka esuk Si Suta karo Si Naya, nanging isih esuk Si Jaya, dene sing esuk dhewe Si Jadita, Walbeehm. |

--- 8 ---

f. Anak kula kalih jalêr èstri ( of sami estri) maar anak kula têtiga sami èstri sadaya, (of kalih wêlas o) J.Z.I, 101-2 v. o. | g. Kidang akalihan sangsam, tuwin cèlèng id. | h. Satunggal tiyang mande ratêngan, satunggalipun pandhe, satunggalipun malih tiyang sade dhawêt, J. Z. L. T. H. Maijer 74-1 v. o. | i. Kaaranan grimis, utawa grêmis, utawa talêthik, El. Al. S. K.. 29-1 v. o. | j. Layang kang anggêpok prakarane, tuwin layang liyane, sarta layang pratela, apadene layang karampungan, lan layang pemutan, Ned. Ind. W. III, 103-1. | k. Gusti Allah kuwasa ngukum lan angganjar marang manungsa, apadene nulung tuwin ngrusak, Seh verh. 3.7. | l. Doh cêdhake paraning sapine id 173. 2. | m .Sang Nata kalihan ingkang garwa nitih rata, para garwa sêlir nitih joli, wontên nitih jêmpana, sawênèh nitih tandhu. As. 237-7 v. o. |

--- 9 ---

n. mênggah sumêrêpipun (= sampeyan) dhatêng êjim, sampeyan môngsa ngungkulana kula. 1001 N. I, 224-6. | o. Sing dhisik lanang, kapindhone lanang manèh, katêlune wadon, Walbeehm. | p. Satunggal nama a.satunggalipun nama b. satunggalipun malih nama c. Ks. 108 v. o. | q. Dudu wong kang kobong omahe, wong kang kobong gêdhogane. | r. Dudu wong kang omahe kobong, wong kang omahe limasan. | s. Ukara ing dhuwur iki bedane kêpriye? Anggite tuwan A. H. J. G. Walbeehm.

akasa

kang kongkulan ing ngakasa, kang kasôngga ing pratiwi, P.I, 1-10 v. o.

udan zie bun

yèn calathu wêtuning têmbung aja kêrêp kaya udan kang angrêrusaki. [angrêru...]

--- 10 ---

[...saki.] 1001 N. I, 492-6.

edan

aja ngarêp-arêp dikedani ing wong wadon, awit barubahing ati luwih rikat tinimbang lan lakuning angin, Oem. J. III, 56-4.

adat

kayêktosan kawon dening adat, J.Z.I. 206-1, zie lumrah.

ati N. manah K. tyas Temb.

a. Manah kula sampun kula sukakakên ing sampeyan, 1001 N. II, 486-5. | b. Kadya runtuh tyase tibèng siti, Rm. 190-4 v. o. | c. Ati rêsik nêntrêmake budi, 12 verh 76 (8). | d. Kula badhe mangkat dhatêng nagari Walandi, nanging manah kula prasasat taksih wontên ing tanah Jawi. J: Br. 332-2 v. o. | e. Kadospundi ênggènipun botên ical sarèh kula, awit saking manah kula têlas, kados upaminipun kabêsmi, mripat kula angrêntahakên luh, botên

--- 11 ---

têlas-têlas, kados ilining toya kalèn, 1001 N. II, 257-3 v. o. | f. Sapêngkêring èstri wau, growahing manah kados ical dipun bêkta.1001 N. II, 97-8 v. o.

otot

a. Sampeyan tiyang satunggil, otota kawat, balunga wêsi, sungsuma gagalan,gêgala. botên wande rêmpu, P. II. 290-9. | b. Abalunga wêsi, kulita têmbagi, sungsuma gêgala, môngsa sandea rêmuk, A. S. 56, 10. | c. Sanajan balunga wêsi, kulita têmbaga, sungsuma gêgala, môngsa mênang mungsuh wong tanpa wilangan, D. W. 43. 12. | d. Otot kawat, balung wêsi balitung, wulu êdom, cêrma têmbagi abrit, gêtih pulut, bol karah, M. M. 43. 2. | e. Otot kawat, balung wêsi purusani, sungsum gêgala, kulit têmbaga. H. S. 103 p.

--- 12 ---

asu

Asu ambalèni utah-utahane, utawa bisa sawuse ginuyang: agulungan ing êndhut, Ind. II, 488 (22).

usur

pausur, utawa: ngusur = 5 pere.

asir wadam = pandonga J. Z. R. 169-4 v. o..

astralungiyan (= bojo) P. 82.2.

astagina (araning cupu) M. M. 73. v.o, zie asthagina.

èsêm

Èsême kang ningali sami kumêsar B.T.D. 465-3.

asthagina (araning cupu) A. S. 52-4 v. o, zie astagina.

awu

Gènipun angawu-awu (= ambana of nyênyuwun) badhe mêndhêt garwa dhatêng sampeyan, 1001 N. I. 341-10 v. o.

èwu

sangêt kaduwung ing manah kula, dene kula kamipurun,

--- 13 ---

mila kula nyuwun pangapuntên kaping sèwu, 1001 N II, 224. 1.

iwak kali H. S. 206 p. 17 zie tuba

voorb Ayo padha misaya iwak kali. | Aku tukokna iwak loh anyaran.

ala en sirna

Ala sirnane tinampik, H. S 191 p. 14 P. L. I, 183-3 v. o.

ila

Ila-ila punapa abdi dalêm botên angèstokakên dhawuh dalêm, 1001 N. H, 152-9 v. o. | Ila-ila ujaring wong kuna. P. L. I, 166-7.

ili

Yèn saili kang kamalingan awèha wêruh ing parentah? J. W. 7 7.

ilo

Mripat kula kados upaminipun pangilon, kenging katingalan botên sagêd aningali, 1001 N. I, 170-12.

--- 14 ---

ula

Angganing ula sanadyan ninggal lungsungane: iya isih têtêp aran ula, mangkono uga wong ala, ora kêna tinutupan ing ujar bêcik, Oem J. III, 150-2 v. o.

ulan

lan maninge lamun ana wong kalêbu alun-aluning durjana? J. W, 26 (35) 1.

ilat

ilat, ora kêna rinèh, Ind. II, 469 (3).

Allah

a. Allah iku ora kêna ginawe gêguyon. Indj. II, 395 (4). | b. Gusti Allah ora kêsupèn, malah rambuting êndhasmu wus padha kaitung kabèh, id, 150 (7). | c.Insa Allah ingsun kang jumênêng nata amêngku tanah Jawa (P. Pugêr) B. T. 494-3 v. o.

alêm

--- 15 ---

Aja banjur pitaya marang pangalêming uwong, awit pangalêm iku upama mega, Oem J. III, 50-9 v. o.

alang-alang N kambêngan K

Dhêndha wau botên kalilan yèn mêdalakên dhatêng rerehanipun, sapucuking kambêngan = anginan, J. W. 83-5.

api

api-api = ethok-ethok, | api ora P. I, 205-4. | apisadu zie urdi.

upa

upacara, ngupa-upa, ngupakara, ngupajiwa, ngupa gawe, ngupaboga.

olah

suka bungahe dèn ina ginitika angopahi. Rm. 283-2 padha lan layange Radèn Panji Puspawilaga. Dj. M.

ipuk

Ayo padha diipuk Pangeran Pugêr. B.T.D. 497-8. |

--- 16 ---

Kowe dèn bisa ngipuk. id. 505-1. | Supaya aja ana wong ngipuk kowe kalawan têmbung manis, Indj. II, 415 (4). | Bojone Si Rawatmêja: lah ipukên tyase dèn kêna lilih. H. S. 132 p.6. | Pamulangku ora nganggo pitêmbungan kawasisaning pangipuk. Indj. II, 343 (4).

apit

Radèn ayu wau salaminipun wontên ing Kapugêran, kados gêrah kapit, B.T.D. 464-2.

aja en pêgat

Dene mungguh wong laki-rabi: wong wadon aja pêgat lan wong lanange, dene mênawa wus pêgatan, tulus tanpa laki, utawa ulih-ulihana karo lakine. | Lan wong lanang iya aja ninggal rabine. Indj. II, 349 (10).

iji en sawiji N satunggil K (ana ngarêp)

a. Bêcik ana ngomah ijèn tinimbang nganggo rewang

--- 17 ---

wong ala. Oem. j. II, 214-10. | b. Kados ta wontên satunggiling priyantun, J. Z. 172-8 v.o. | c. Nanggêl dhatêng satunggiling tiyang ingkang manggih kalêpatan, id. 173-3. | d. Kapanggih kalihan satunggiling tiyang. id. 173-4 v. o. | e. Sawijining dina. Indj. II, 170. (1) sawijining wong J. Br. II, 4 en 3-7.

ajur en ajèr

Bisa manjing ajur-ajèr bangkit ing agal-lêmbut, pralêbda ring mancalaputra-mancalaputri, biyasèng asamun, bisa ngambah jumantara, of gêgana P. Dj. 4. 4, v.o, en Dw. 158-7 A. S. 24-2.

ajal KN.

Sang nata andangu ajal kamulanira. P.76-4.

ayu

Mênggah patitising nalar, gumun kula anyamèni kados ayunipun, 1001 N. II, 60-4 v. o.

--- 18 ---

uyah

Manungsa uyahing bumi, mênawa uyah ilang rasane kang ginawe nguyahi iya apa, Indj. II, 8. (13). Uyah iku bêcik, ananging uyah yèn ilang asine: apa kang koanggo nguyahi. id. 9. (50).

uyuh

Kula sampeyan lilani badhe toyan sakêdhap. J.Z.II, 24-16 v. o.

uyun

anguyuni tiyang = nglêmpakakên tiyang B.T.D. 335 12.

oyak

ngoyahakengoyakake. asune Schm. Verh. I, 107-8 v. o.

oyod

Sabab kamelikan dhuwit iku oyoding sarupaning piala. Indj. II, 434 (10).

ayam KN.

prawirane wutuh ayam, Rm. 423-10.

ayam alas KN. [KN...]

--- 19 ---

[....]

Dèwi Anjasmara wus adoh lakune kalunta-lunta, anusup angayamalas, munggah tumurun ing jurang, D. W. 121-8.

uyang

anguyang sakit anêmpur pêjah A. S. 13-9 zie. êmping.

êma

Sangêt dipun asihi ing sang prabu sarta dipun êma-êma. 1001 N. II 302-9 v. o. | dèn êma-êma Kantj. 101 p. 2.

umok

banyu sagara umok, 1001 N. I. 269-3.

amit

amit pasang kaliman tabe, P. I. 338-11 v. o.

êmpu sêdhah

Mokal yèn kula sagêda nganggit Sêrat Bratayuda, panganggit kula upami kados tiyang nginang asung sêdhah kemawon, tanpa apu tanpa wohan, tanpa gambir, saèstunipun sêpa, botên wontên sêdhêpipun ing

--- 20 ---

untu, amêsthi malah adamêl ngêrêsing manah, J.Z.I, 880-10.

êmping

ngêmping lara anggenjah pati, P. I. 393-10 v. o. zie uyang.

empang = balumbang Bat verh 2e. deel 68-2 v. o.

êmbun

Wadining narapati patih kabèh kang angêmbun, P. W. 29. 7 v. o. zie Gus Jêdhig, kapundhi kaêmbun.

omong

omong-omongan, en omong kosong kanggo ing Sh. J.Z.I, 357-11. | nanging: omonge enz ora Sing P, 152-3.

agar

kadyangganing wong anguswan, têgêse: nganguswan wong ngagar nênggih, W. W. 48 10 v. o.

agal en lêmbut

bangkit ing agal lêmbut, zie ajur-ajèr.

--- 21 ---

agul-agul

agul-aguling prakawis, lumrahe agul-aguling prang. B.T.D. 507-9 v. o.

ibra

lulusa ibrane, J. W. 67-14.

obor enz

Dhasar ing Mandraka gêdhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane, P. I, 2-8.

Ibrahim = Abraham of Abram

Dêmi Allah kula botên purun mêndhêt kagungan sampeyan, supados ing wingking sampeyan sampun ngantos anêmbungakên: kula kang nyugihake Abram, K. S.

angin

a. Kados upaminipun angin ambêkta gônda ingkang wangi, saking panggenan kang katrajang, makatên malih anggur punika, ingkang badhe kula unjuk, mulung saking astanipun sang ayu, ecaning gônda utawi raos angungkuli [angung...]

--- 22 ---

[...kuli] ingkang sampun kalimrahan, 1001 N. I, 168-10 v. o. | b.angin gêndhing: saka wetan P. L. I, 75-1 v. o. | c. barat wetan wijilipun, ... timur.

angsana

Lan yèn kowe andêlêng kêmbang angsana waspadakna, aku sêsambat anjaluk kêmul, ênggonku turu ing watu:adhêm, J.Z.II v. o.

angum = kungkum

Sarêng lampahipun yaksa dumugi jawining alun-alun lajêng ngambang tuwin sawênèh angum ing bênawi Silugangga P. I, 59-1.

anggo N. angge K. busana Kw.

Bala pasisir kados toya sagantên, ambalabar ngêbêki papan, busananipun apindha sêkar sataman, B.T.D. 591 v. o.

angganararas

Sanadyan kathah titahing dewa, kang kasôngga ing pratiwi kongkulan ing ngakasa, kapit ing samudra, kathah

--- 23 ---

kang angganararas, P. I, 1-9 v. o.

onggrong

Ora ana wong kang luwih onggrongan kaya wong kang ngalêm marang awake dhewe, 12 verh. 76 (9).

anggung gawe = pijêr

anuntun gawe dêlanggung, anggung gawe pagêr bojod, Kantj. 164 (49).

naraeca

Botên wontên ingkang kagalih malih, amung asuka naraeca, angawut-awut têtilaraning lêluhur tuwin bapa, 1001 N. I1, 628-7 v. o.

naraka

Kowe aja sok dhêmên padon prakara, aluwung onjon-onjonana kawruh. Kosokbaline: kowe bakal mênyang rahmatollah, ing kana tinêmu pasulayan kang ora kêna tinêrangake dening manungsa, Zam, L. Th. Maijer 64-16.

nirajêng = paduka

--- 24 ---

nirajêng manggiha suka P. I, 471-10 v. o.

nirwana = Nerwana

Nirwana, têgêse: nikmat lan muphangat, iya iku kasampurnaning pati piyandêle agama Buda.

nistha en mlarat zie sor

kanisthan luwih asor tinimbang lan kamlaratan, 12 verh 76 (11).

niwèng zie sewa

napas

Napas kang manjing mêtu, kang minôngka talining urip, puji tan kêna pêgat, napas jatinipun, lah kaki pagurokêna, ujar iku maring kang utamèng wangsit, kang wruh suruping pêjah T. A. 13-6.

nopal

Wit nopal rupane kaya ilat baya zie ulêr.

nabi

Sabab para nabi kang ana ing sadurungmu Indj. II. 8 (12)

nêng

a. Ênêng iku kang minôngka angrênggani lan anuguri umur [u...]

--- 25 ---

[...mur] 1001 N. I, 492-5. | b. Wong mênêng iku ana sajabaning pakewuh id. r 2.

nungsatara?

nanging

Panganggone têmbung: nanging, bênêre mangkene: saiki isih têlês, nanging mêngko sadhela êngkas: garing. Ing jaman saiki akèh kang niru ukara Walônda, kayata: dudu êmas, nanging salaka enz dene ing jaman kula ora mêngkone,mêngkono. kaya ing ngisor iki: | a. Têkaku ora ambatalake, malah nêtêpake K. S. 280-9 v. o. | b. Dudu tiwas saking sirèki, ingsun dhewe kang tiwas, Rm. 391-9 v. o. | c. Dudu tikus, nyatane piyik, Oem J. I, 97-5. | d. Mênggah ingkang andêdêl kori dede tiyang saos, kang sayêktos kècu 1001 N. II, 372-3. | e. Anggèn kula kapingit punika: botên badhe katur ing sang nata, kadadosanipun kaparingakên ingkang putra, [pu...]

--- 26 ---

[...tra,] id. 614-4 v. o. | f. Allah iku dudu Allahe wong mati, Allahe wong urip, Indj. II, 50 (32) | g. Dudu wong wadon, wong lang P. 201-7. | h. ingkang dados gêdêr ing alun-alun, dede kuda ucul saking pandêngan, tuwin botên wontên dirada mêdhot saking wantilan, namung = kur niet nanging (maar) sinuhun ing Ngastina rawuh ing Mandraka P. l. I, 143-11. | i. Si Wêrdiningsih ora ana, jêbul wong lanang kang ana P. I. 269-5. | g.j. Dudu wong wadon, wong lanang P. 201-7.

cihna

nyina bainatipun, J. W. 134 (24) 5.

cancut

cancut taliwônda P. I, 236 II v. o.

côndra

Wong gawe layang carita kang prayoga nganggo rinêngga ing têmbung: côndra, kaya ta:

--- 27 ---

Ing dirgantara katingal mêndhung angêndhanu, praja ing Nèdêrlan tinukup ing pêpêtêng, botên sagêd oncat saking bêbaya agêng wau, tumuntên katingal riris pêthak anglimputi jagad, inggih punika ingkang winastan jawah kapuk = hagel sarêng kalihan jawah uwuh = sneeuw inggih punika ès saking dirgantara, rintên dalu botên wontên mêndhanipun, praja ing Nèdêrlan kêlêm dados es, mênthur pêthak kados kapuk dipun wusoni, payoning griya wradin kados dipun plat, panging wit-witan katèmplèkan agêl kados karang pating cringih, kênthêling agêl ingkang wontên panging wit-witan wau dados es, pating prêntul pindha intên dipun ronce, rêntahing ès gumêbyur mawi cahya adamêl kêsaring manah, saèstu angyungyunakên tiyang ingkang nêmbe sumêrêp. | Mungguh panggawene côndra mau gumantung ana kawasisane kang gawe layang, awit isining jagad kabèh kêna ginawe côndra, mung candraning rupa kang wus tinêmu ing layang

--- 28 ---

Cêmporet karangane Radèn Ngabèi Rônggawarsita, blz 64-4 v o. enz lan kang tinêmu ing layang liya-liyane sawatara, kêna pinathok kaya ing ngisor iki:

untu

Waja lir sotya rinipta, rêntêt runtut adhamis, wangun lir tètèsing toya. | Waja laring kombang mêngês arêntêt. | waja amiji timun. Tj. R | waja kados mirah sinundukan. B.T.D.465-1

irung

grana ngrungih | Grana sêdhêng angrêrungih pindha kêncana pinatar

awak

sarira lurus sarwa sri. | sarira jênar ambêngle keris. P. I. 154-9 v o.

alis

alisênga salela |alis mênga salela.

--- 29 ---

angroning imba | alis nanggal sapisan B.T.D. 465-1.

athi-athi

athi-athi ngudhup turi of mênur.

cahya

cahya andiwangkara.

cêthik

cêthik nyupit urang.

rai

wadana apindha wulan B.T.D. 462 v. o. | wadananipun abrit dadoskados. rah id 426-8 v. o. | Wadananipun katlorong soroting raditya ing wanci jam gangsal sontên, gumêbyar kadya wulan purnama sêdhêng andhadhari id 565-3 v. o.

rambulan

rema mêmbat ngendrawilis Tj. R. | rema mêmak masmu wilis

--- 30 ---

rema kêtêl cêmêng, B.T.D. 465-2.

kuning

kuning wênês, T. R.

kuku

kênaka lir mas kentir. | kênaka kadi mas luru.

kuping

karna lir simbar rumêmbun. | karna andalapa wohan.

kêmêl

kêmêl mêmêt araras.

dariji

dariji mucuk ing ri of mirib tilarsa.

dêdêg

dêdêg angronjè nawang rum of pidêksa. | dêdêgipun rêspati, B.T.D. 465-2.

dalamakan

--- 31 ---

dalamakan amisang mas of pindha sangsangan.

sinom

sinom angron sumêmi.

sikil

sampeyan amuluh gadhing of lir wratsari.

susu

pambayun ngênyu dênta.

sogokan

sogokan anglung pakis of mangima manda gêdhah angêndhanu raras.

wadidang

wadidang andindang lungit of nglêngkèh alungit.

laku

mangukadung yèn lumaris, Tj. R. | tindak macan lupa, P. I. 23-10 v.o

lambe

lathi dhamis anggula sathêmplik, Tj. R. |

--- 32 ---

lathi lir manggis karêngat of abang mèngèr-mèngèr.

lembehan

lembehan mêrak kasimpir P. I, 23-10 v. o.

lambung

lambung kadi sêkar kintaka, Tj. R.

pundhak

pamidhangan anaraju êmas.

pipi

pangarasan andurèn sajuwing of anjêruk saajar.

dhadha

jaja wijang of wêlar awijang.

janggut

janggut lir êmas pinatar.

mata

netra jait alindri of lir sagara muncar, | netranipun lir intên sinarawèdi, B.T.D. 464-1 v. o.

gulu

--- 33 ---

jôngga lumung rêspati of angulan-ulan of manglung kadi manyura lumarap.

bau

buja anggandhewa gadhing.

bokong

bocong rurus.

bathuk

palarapan anatar arga, linuding bêbayu ijo.

cêndhani

kang aran sela cêndhani iku marmêr. Bat verh 2e deel 131-10.

cucuk

cucuking baris of pêrang = pangarêp. B.T.D. 303-10 v.o en 533-6. | cucuk nyuwang: sabêruke enz. voorb. | pêlêm 10 a 3 = 30 cts. | durèn 10 a 5 = 50.cts. | gunggung 20 iji 80 cts. |

--- 34 ---

cucuke siji matang sèn zie caruk banyu en gutuk.

caruk banyu

Caruk banyu iku ora mawang bedaning rupa kaya ta: pêlêm gêdhe cilik cacah satus dituku sapuluh uwang, iku cucuke pêlêm siji: nyadhuwit zie cucuk, en gutuk.

cecebuce Rm. 575-7 v. o.

cakrawati Kw. = pêpayuning jagad,

nyakrawati ambaudhêndha. T. A. 152-8 v. o.

cakrabawa Kw. = cipta

ora kêna cinakrabawa, Rm. 45-1

cèkèl = baturing pandhita kang wis kawraga.

cêcèkèl longaning bale, D. W. 63-1 en zie pidak pandarakan.

cakal bakal

akal bakal A. S. 253-1 v. o. en | cikal bakal.

cikbèn

ênggènipun angrêmbèni = ngêcikbèni, 1001 N. II,

--- 35 ---

540-4 v. o.

cuwêngah = kanggêg.

cuwêngahing rêmên wau dados gêthing, 1001 N. II, 582-10 v. o.

cêlor = bandrèk

cêlor lan si adipati, B.T.D. 527-4 v. o.

calèrèt

calèrèt taun mole-mole, Rm. 411-2 v. o.

calakutha?

Winadhahan astagina, winor lawan calakutha kang warni, M. M. 16-11 v. o.

calapita

Calathune kaya unining gamêlan calapita, D. W. 121-1 v. o.

cagak êlèk, J.Z.I, 113-7 v. o.

cebol pêlikan zie pidak pandarakan.

cotha = bêbêdan P. L. II, 287-2

ro N, kalih K.

Ngibarat samukawis ingkang manglih mratiga ing damêl, utawi [u...]

--- 36 ---

[...tawi] tiyang keron ing manah, J.Z.II, 136-4.

rena = kurung

rena: tanah Pajang, kurung: tanah Sukawati, J.Z.I, 80-8 v. o.

rênah

Sarêng dalu kula tilêm wontên ing sukêtan, rênahipun anglangkungi saking prayogi, 1001 N. I, 421-10.

rontèk zie bandera.

rôndha

Wong rabi rôndha kang anggawa anak têlu, iku padhane duwe bojo papat kang padha angulêri. Pemb. Bat. 1895.

rôndha kisi zie kisi.

ranjap

Nanging kêbo kang nyudhang mau dadia ranjapane. J. W. 25-2.

radèn mas

Kêbo kênanga wau pêputra Radèn Mas Karèbèt, inggih [ing...]

--- 37 ---

[...gih] nama Jaka Tingkir, iya iku wiwite ana sasêbutan radèn mas taun 1400.

ratu en pandhita

a. sabda pandhita ratu: upami, sabdaning wiku andikèng nata, dadya sasmita yêktine, A. P. 10-3 v. o. | b. putra wayahing ratu ingkang taksih timur.| c. putra wayahing ratu: ratu ingkang taksih jumênêng (yèn panulise tanpa ratu rangkêp: luput).

rès

ingsun kawênangakên amatrapi kaêrès, J. W. 165-7.

rasa

a. wijining rasa iku kang muni ing kitab topah mung ana limang prakara zie blz 28 (54) kaya ta: asin, kêcut, tawa, lêgi lan pait. | b. rasa kang muni ing layang panitisastra pada 5 sulaya karo kang muni ing layang côndrasangkala watak VIIVI.

tapak astane Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kaya ta: amla: mla (= kêcut) padha,

--- 38 ---

kayasa (= sêpêt) kyasa(= gurih) sulaya, | kathuka (= pêdhês) sarkara (= lêgi), | tikta: tikta (= pait) padha, | lawana (= asin) lona (= pêdhês) sulaya, | madura (= lêgi) dura (= asin) sulaya, | wus kacocogake karo layang Bausastra Kawi, tinêmune kaya ing ngisor iki: | amla: kêcut, bênêr, mla: ora ana, | kayasa: sêpêt, bênêr, kyasa: ora ana, | kathuka: paniti sastra: pêdhês, | côndrasangkala: ora ana têmbung: kathuka, | Kw. Asin, | sarkara: lêgi, bênêr, | tikta: pait, cocog karo pisan, | lawana: lona, padha anane sarta iya cocog karo pisan padha: pêdhês, | madura: lêgi, bênêr, nanging: madura,dura. ora asin, |

--- 39 ---

muni: nglêngkara, ala lan adoh. | awit saka pasêksène Bausastra Kawi: bênêr unine layang Panitisastra karo layang Côndrasangkala. Mung sulayane têmbung: kathuka, durung olèh pasêksèn manèh: pêdhês, apa asin. | c. aran sarta manggoning rasa sawiji-wiji, kaya ta: | anyir: rasaning blondho, | asin: uyah, | adhêm: tanpa uyah, | anglêk: lêgi bangêt, | cêmplang: kurang bumbu, | kêcut: wuni, | kêmêtès: lombok jêmprit, | tawa: tanpa rasa, | tumêk: lêgi gurih, | sêpêt: sêmak, | lêgi: gula, |

--- 40 ---

pait, butrawali, | pêdhês, lombok, | nyêthak, asin (of pait) bangêt, | gurih: krambil, | gêtar: lênga têngik. | gêtir: jêruk gulung kêcut, | ngudhêl-udhêl, klayu, | rêrasan ala angrusakake kalakuan bêcik, Indj. II, 365. (33). Hontj. I, 17-11.

rasa risi

rasa risi dalan rupak lumuh kadhisikan. N. W. 75 p. 15.

ripa

Bab ukara sêrat ibêr-ibêr, akalihan ripa lagunipun sêrat ingkang mawi sêkar. 1001 N. II, 234-11 v. o.

rapêt, en rênggang

Akathah-kathah pangrêpanipun Ki Jiwaraga wau ênggènipun murih ngrapêtakên ing arênggang. B.T.D. 419-3 v. o.

--- 41 ---

rajapati zie srilara.

rêm

anggêgulang marêm, apa ing saanane, Indj. II, 411 (12).

rama = Allah

Dhuh rama, sampeyan mugi ngapuntêna dhatêng tiyang-tiyang wau, awit saking botên sumêrêp punapa pandamêlipun, [...] S 383-5 v. o.

rambut zie Allah

rambut pamutung = patrêm,

Sang rêtna anarik sigra, rambut pamutung pinusthi, ingayat anèng pranaja. P. Dj. 12-2 v. o. | Amung kanine ngranuhi, nulya dèn usadani, turuhan rambut pamutung. id 202-10 v. o.

rêmbulan

Sigêg pangandikanipun Prabu Krêsna kalayan Arjuna rêraosan ing nalika dalu, mangkana sami bibaran, nuju rêmbulan andhadhari. J.Z.II, 218-11. | Wulan purnama badhe andhadhari, srêngenge botên dangu [da...]

--- 42 ---

[...ngu] badhe amêthukakên, 1001 N. II, 310-11 v. o.

rêgulo mawar

Rêsêping galihipun sang prabu, upaminipun sêkar rêgulo mawar mêkar katetesan êbun ing wanci enjing. Oem. J. I, 32-3.

robaya = sumitra of sanak

hèh robaya paran kapti W. W. 16-10. | hèh robaya ngwang atanya id 38-3 v. o. | lingira malih sang padya robaya gon sun ningali id 39-2 v. o. | robaya Kw = mêngko en pantês.

rong zie banyu (f)

rangkah

sira buwanga marang sajabaning rangkah J. W. 28 (37) 1 v. o. | Pajang Sukawati sajêroning rangkah 8 dina | Pajang Sukawati sajabaning rangkah 12 dina. | tanah jaban rangkah 40 dina id 9 (5). |

--- 43 ---

(sajêro lan sajabaning rangkah iku watêse ngêndi).

kait Kw. = pul en têpung

melik ing kamuktèn, supe ing kadang sêpuh, kait kalian jangkewuh B.T.D. 602-2.

kon, N. kèn K. utus KI.

benjing-enjing kula utusan dhatêng dhusun, dhawah dhatêng bêkêl J.Z.I, 376-9. en J. Br.

kêna

barangku kêna ilang kabèh, J. Z. R. 369-3 v.o. | kêna andadèkake, Dr. W. 6-3. | Ingkang kenging andadosakên suka pirênaning manah kula 1001 N. I, 406-3.

kunir

kunir awuk tanpa jalu = ôngka 1, As 6-6 v.o en Koeroep 5-6 v. o.

kanigara: kayu. zie manuk.

mèh raina sêmu bang / Hyang Aruna kadi ne-/ traning: nganggarapuh / sabdaning: kukila ring / kanigara sakêtêr [sakê...]

--- 44 ---

[...têr] / kinidung ning ngakung / lir wuwusing winipan / sapapêtêking ayam / wanèh ring pagagan / mrak manguwuh bramara / ngrabasa kusuma ring / rawa baswara rum // P. I, 63-10 v. o.

kinang

kula sampeyan lilani nginang sakêdhap J.Z.II, 4-7 v. o.

konang

lakune padha kadang konang As. 256-9 v.o, Dr W. 29-6 v. o.

kêningar zie manis jangan.

kintèki zie jati.

kontul

kang putih kaya kontul nêba zie warna,

kondha

kêkondha zie bandera.

kêndhit zie mimang.

kêndhali

kriciking kêndhali P. I, 163-1 zie swara.

--- 45 ---

kondhang = kanthi

yèku kondhangira ing ajurit, Rm. 105-1 v.o.

kunjara

ngunjara nêpsu Rm. 233-5.

kucumbi = garwa

bêkta kucumbinira, H. S. 207 p 20.

kari

ngarah apa mati ngarèni antara sadina lan mungsuhe. 1001 N. II, 689-12 v. o.

kuran

Ingkang mungêl ing Kuran makatên, bêktia marang kang kagungan panguwasa ing bumi. 1001 N. II, 284-1.

karna

Makatên puguhipun Prabu Karna, kapurih sampun tumut pêrang ing Kurawa, pangandikanipun Dèwi Kunthi amurih saenipun Prabu Karna. J.Z.II, 72-16 v. o.

krura

krura angênthahasa H. S. 231 p 10 zie êntha.

--- 46 ---

karta raharja zie panjang apunjung.

kartika

kadi banguning kartika, H. S. 17 p 18 of kartika mabangun, id 125-

kartisampeka = paekan,

panjoring kartisampeka, Rm. 265-5 v. o.

kartiyasa = priyayi,

Om, J. I, 236 en Bloem. c Poensen 134-3.

kêris zie mantri.

krêsna

a. Botên dangu kesah sadaya, sami ngrêmbag badhe nyirnakakên Prabu Krêsna, nuntên pêpak sakathahing dêdamêl, tuwin gajah reta sampun rumantos, dalasan kusiring rata punapadene titihan sariwêtan, J.Z.II, 72-5. | Enggal pirêmbagan para Pandhawa, ingkang dados sêsirahing rêmbag Krêsna sarta punggawa kathah, pratingkahing senapati ing paprangan dipun rêmbag, ingkang uninga ing gêlar

--- 47 ---

pakèwêd, id 161-7 v. o. | b. Kados makatên pangandikanipun Prabu Krêsna dhatêng Arjuna, anuntên sami sêsuci, badhe amêmuja, sumêdya anyêmbah ing bathara, pratingkahipun Prabu Krêsna kalihan Arjuna sampun kados pandhita, Sang Hyang Rudra (= Bathara Guru) rawuh katingal sawujud, J.Z.II, 217-7 v. o.

kriwik

kriwikan dadi grojogan, P. I, 199-5 v. o.

krapa

bilih siyang botên wontên sagêd kêkrapa, B.T.D. 543-12 v.o (damêl pangauban).

kêrêp en papak

mrojol ing akêrêp, punjul ing apapak, P. I. en As. 242 zie ajur en ajèr.

krambil

kenging binodhonan, anggêr sagêd marud krambil, P. W. 192 p 4 (ngasorakên sarira Kangjêng Gusti Kaping IV).

--- 48 ---

kêrig zie lampit

kurung zie rena.

kering zie iring.

kaki jendral zie Pakubuwana.

kukus

Kukus putih andalêdêg mêtu saka sêlaning gunung, kaya kapuk mumbul ing awang-awang, P. L. I, 8-2. | Sampeyan punika sangêt angêsorakên sarira, botên wontên kukus tanpa latu, J.Z.I, 292-8.

kakangsari zie sari.

kuda

pangriking kuda zie swara.

kaduk

kaduk ati abela tômpa, P. I, 119-5 v. o.

kadaluwarsa zie warsa.

kati KN. = têpung bêcik

sanadyan dèrèng patos kati dhatêng sang pangeran ing Pèrsi, 1001 N. II, 347-6 v. o.

--- 49 ---

kutu

kutu-kutu walang ataga K. S. 12-8. | kutu-kutu walantaga Rm 524-4.

kêtêg = pos (= de pols)

Supados kenginga kula grayang kêtêg sampeyan. Tiyang neneman angacungakên tanganipun kiwa. 1001 N. II, 88-2.(lumrahe: kêtêg, kang ana ing dhadha, pos, kang ana ing tangan).

kisi

Rôndha kisi iku rôndha kang duwe anak lanang siji. A. P. 392-10.

kasipu

kyating jagad kasipu, Rm 276-7 v.o

kawi

kawi tulèn, kawi miring en kawi jarwa, P. S. druk, 6. 5 en 1 v.o, en 7.2

kowe N sampeyan K rangkêp

manawa ana wong ngaruh-aruhi kowe, kowe tutura [tu...]

--- 50 ---

[...tura] Indj. II, 45 (3) | olèhku tutur marang kowe, kowe ... id 191 (7).

khewan

khewan ora sinungan budi lan istiyar, T. A. 10-2 zie manungsa en malaekat.

kawal

kula: ingkang rumêksa ing wingking sampeyan, dados kawaling prang, B.T.D. 543-8.

kala KN = wayah

ing madya ratri kala. P. Dj. 20-9 v.o

kali = pangadilan of parentah

lajêng sowan ngarsaning kali, matur botên narimah. J. Z. R. 226-2 v. o.

kêlu

kongsi kêlu pari dèrèng dèn êni. Kantj. 119-p 48.

kula KN. (niet aku en niet kuli)

yèn kirang saking damêl kula tiyang sèkêt sapangandhap, J.

--- 51 ---

W. 84-10 v. o.

kuli = kulina en pundhuh

yèn kula kuli lawas H. S. 248 p 10.

kalah en mênang

kalah sirna mênang ngukup, B.T.D. 608-4 v.o en Rm 243-5 v. o.

kalana

kalana andona prang, H. S, 75 p 9.

kulina = rakêt

sawênèh para mitrane kang kulita Schm. I, 122-3. | mitranipun ingkang sampun kulita eram aningali kautaning lêlabuhanipun, 250 Verh. 192-5 v. o.

kalorehan = ngêndhe-êndhe pikir

botên sayogi manawi kalorehan 1001 N. II, 101-2 v. o. | kalorehan têmên si adhi M. M. 9-11 v. o.

kulit en gêtih

aku oora.

bisa malês, kêjaba pêcahe kulitku lan [la...]

--- 52 ---

[...n] wutahe gêtihku kang dak walêsake, B.T.D. 658-12 sanadyan akulit têmbaga zie otot.

kulita zie kulina.

kalawija (wong) palawija (tanduran)

nanging kalangênan palawija, J.Z.I, 83-8 en P. II, 212-5.

kilêm = tilêm

Sadrahing angin sarikma pinara sapta yèn ta kilêma botên supêna, P. I, 317.

kulambi

Kula sampeyan lilani cucul rasukan, gêrahipun sangêt, J.Z.II, 12-6 v. o. | Ora ana wong nambal kulambine lawas tinambal ing sangkêlat anyar, Indj. II, 73 (21)

kalang

Anadene kawulaningsun wong kalang, wong pinggir lan wong gajah mati, yèn padu salaki-rabi, yèn wong lanang: kuwat lanange, yèn wong pinggir lan wong gajah mati, kuwat wadone, J. W. 20 (24).

--- 53 ---

kalingane = jawane

Dhuh anak mas wong abagus, kalingane andika, mentar saking ing nagari, mati raga angulati pêpacangan, P. Dj. 32-10 v.o. | Kakang kalinganea, ulam ayêm ing Kadhiri, têka dadak mêjahi lamun dhinahar, A. P. 14-2 v. o.

kupu

mibêra kaya kupu zie tapak angin, en branjangan.

kêpaung

Karana kang dadi ratu ing Kartasura saiki: kêpaung B.T.D. 505-7. | siyama: milu kêpaung M. M. 24-11.

kopan?

Lan ora ana bênêr kopan, antaraning bumi mingkup, As. 257-8.

kapuk

Untabing bala kados kapuk kapracondhang ing samirana, B.T.D. 525-3.

--- 54 ---

kêpêl

Benjing têdhakipun Kyai Agêng Matawis wontên satunggil ingkang badhe angêpêl tanah Jawi, J.Z.I, 35-12 v. o.

kaplokan zie plok

kudhasih

Manawi sampeyan sare kalihan Radèn Abimanyu, kula dados paksi kudhasih, nyamar wontên ing rêmbulan, J.Z.II, 218-15 v. o.

kadhali

kaya kadhali nyampar banyu, D. W. 128-1 v. o. en P. II, 289-7.

kêdhèp

anglir murca kinêdhèpakên, B.T.D. 465-3.

kudhung zie sandhang

kaya N. kados K.

kados upaminipun zie ati Lett e | kados upaminipun zie ilo | kados ta upami J.Z.II, 175-11. |

--- 55 ---

upami kados zie Empu Sêdhah.

kêmanak

Prabot watangan ing ngriku wontên, dalah kêmanakipun, Bat verh 100-7 v. o.

kêmuning

Panarimaningsun anyarambahi, kaya upamane banyu udan tumiba ing godhong kêmuning, ambalèbèr tiba ing lêmahwêkasan sinêsêp ing bumi, dadi êtuk gêdhe, minôngka pangangsone wong sajagad, As. 249. | Prabu Banjaransari.

kumêndur zie Generaal

kamandhalu

tirta suci subaga kang kamandhalu Rm. 558-5 v.o (niet kamandhanu).

kumpêni zie Walônda (c) en zie Pakubuwana

Kangjêng Kumpêni Enggris, J. Br. II, 11 en 6 art 20.2. | Raosipun manah kula botên sakeca bilih saking guna-gunaning kumpêni adamêl reka B.T.D. 368-1.

--- 56 ---

kêmbul = pista

Bok ratu: saosa pambujanan, ayo kakêmbulan nadhah karo anak Prabu Madura, P. II, 16-4. | Anak Prabu Madura, sumôngga sami kêmbul bujana, id r 11. | kakarsakake dhahar kêmbul, D. W. 190-4.

kaba

Ambêdholi prabata, myang amupak gunung watu, pan kinarya kaba-kaba, Rm. 319-6 v. o. | kaba-kaba Kw = gajêg-gajêg en bungah-bungah, ora cocog karo têgês ing dhuwur.

kubur

Pindha pakuburan kang linabur putih, ing jaba katone prayoga, ananging ing jêro kêbak bêbalunge wong mati, Indj. II, 52 (27)

kabar bêcik

Bendara: sarêng kula mirêng kabar sae makatên, 1001 N. I, 450-2.

kabuyutan zie buyut

--- 57 ---

kêthi

sakêthi kurang sawiji, algemeen maar. | sakêthi luwih sawiji, M. M. 12-1 v. o.

kang (= jêjêr)

dikirimake marang ênggone Herodhês, kang iya lagi ana ing Yêrusalèm, Indj. II, 179 (art7) wong kang kula dèrèng wanuh, J.Z.I, 97-12 v.o

kengang

kengang têmbe sajarwaa, anèng ngarsaning narpati, Koet 10-9.

daha

juru dêdaha = madharan (koki) A. P. 10-1 v. o. Koes 15-6.

dahwèn

Anggung irèn dahwèn pati opèn, Rm 40-5.

duraka

Botên purun duraka malih-malih, J. Br. 185-6 v. o. (laki manèh).

--- 58 ---

dêrês

dêrêsing wartos, B.T.D. 346-7. | tibaning mimis dêrês kados jawah, id 347-1 v. o.

drêman = tulus

tan drêman angur matia, H. S. 62 p2 = yèn ora tulus angur matia.

darmapuri = pasanggrahan of district J. Z. R. 172-9.

dudu

dudu kuwe sing takjaluk | dudu: kuwe sing takjaluk.

dèsi (niet desa maar ênggon of prênah zie J.Z.II, 221 (406).

dosa

dosa kawula sakalangkung agêng, botên pantês dipun apuntên, K. S. 10-2.

dasarata

Wontên ratu pinunjul saka kocap, keringan dhatêng mêngsahipun, mêngsah wau sami suyud sadaya, sang prabu

--- 59 ---

unggul ing paprangan, sarta putus dhatêng sakathahing puja, pantês anama: Dasarata.

dewa zie mimang en jlêg tanpa sangkan

yêktos yèn dewa sanalika dhatêng, J.Z.II, 71-17.

dalan KN = olèh.

Rêtna Trijatha umatur aris, dalanane nora ngregonana, Rm. 382-8 v. o.

dalêm

dhahar dalêm A. P. I, 7-2 v. o. (dhèk jaman samana wis ana têmbung: dalêm).

diyan

Diyaning awak iku mata, mulane yèn matamu waras, awakmu sakojur amêsthi kapadhangan, Indj. II, 12 (22)

dêmak

surak Dêmak zie Sampang. | Masjid Dêmak, sakaning surambi saka ing Majapait, sinangkalan: kori loro gawening wong = 1429. Umpaking kori masjid, sinangkalan, patra kinarya

--- 60 ---

rupa gêlap tunggal = 1311, P. L. I, 216. 8 en 2. v. o.

taha

taha yèn tan astokna, atanapi yèn amaidoa amêsthi padha nêmu bilahi kang luwih abangêt, J. Br. II, 22 en 12.

tai

dibêciki malês ambalang tai Kantj 98 p 19.

tuna

tuna satak bathi sanak A. P. II, 138-4.

tanêm en tuwuh

Kang aran tanêm tuwuh iku samubarang kang tinandur ing patêgalan kang pakolèhe bisa akèh sarta kêna tinandho lawas, kaya ta:kapas, kadhêle, wijèn lan jagung enz zie J.Z.I, 74-6 v. o.

tênaga

Tênaganipun sagêd damêl gujênging tiyang ingkang sawêg kasusahan sangêt, 1001 N. II, 98-10 v. o.

tandur

--- 61 ---

Ora ana wong nandur wit-witan kang ora kanthi pangarêp-arêp wohe, Oem, J. II, 270-1.

tan drêman zie drêman

tanpa kawruh lan tanpa arta, prasasat kambah ing bilahi gêdhe, Dr. W. 31 (105).

tanpa jamuga

matrênyuh tanpa jamuga, A. P. 37-2.

tandhu en lêlawak Kw. = dhêdhasar

Sultan Balitar anitih tandhu lêlawak, B.T.D. 657-10 v. o.

tundhan en saradan

jaga angladèni tambal sulaman, tundhan saradan, J. W. 161-3

tundhung

kadhawahan tundhung, B.T.D. 63-3 v.o = dipun dhawahi wêling 1001 N. II, 613-11.

trasi

tan wêruh êndhas tarasi, Kantj. 29 p 25.

--- 62 ---

trima = tômpa

Sarta sampun dipun trima (= tampèni) J. W. 98-9.

tarumpah

Tarumpahe: aku ora patut ngampil, Indj. 5 (11)

têkên

Suka têkên wong kalunyon zie sandhang.

tikêl

Nuli awèha ubaya ing têlung pratikêl? pirang dina J. W. 9 (5) 1 v. o.

têkiyar

Gusti: prayogi mawi têkiyar, sampun sok manggung amupus, A.S. 21-3.

totra = katara

nuntên binabadan, rineka sampun totra kadhaton, B.T.D. 365-3 v. o.

têtak

têtak iku dudu apa-apa Indj. II, 350 (19)

têsmak

--- 63 ---

Bok Martayuda, sarêng aningali bêksanipun pangeran adipati, sangêt gènipun kasmaran, kumyus karingêtipun, gêlangipun wudhar, mripatipun kumêdhèp têsmak, B.T.D. 526-2.

tuwa

tuwarawa (misaya iwak kali) W. W. 44-7. zie warigaluh, | tuwaburu (bêbêdhag) id r 5. | lah angkuhên tuwanggana gurunadi, Rm. 279-1 v. o.

tali

kataliwôngsa P. I, 167-9 v.o maar. | katalimasa id 353-7. | talimôngsa P. 226-1 (ula: lakine: macan).

tula

kongsi lawas ana ing katula-tula, 1001 N. II, 599-9 v.o (= ana ing saba paran) zie saba paran.

talês

wus padha kaadêgake sadhuwuring talêse para utusan [utu...]

--- 64 ---

[...san] lan para nabi Indj. II, 399 (20) | padha tinalêsan kukuh ora gumiwang saka ing pangarêp-arêp, id 414 (23).

tulis

Araning tulis kang tumrap ing barang, kaya ta: | indu, tulis tumrap ing êmas, | reka, tumrap ing watu, | wariwe, tumrap ing salaka, | wolat, tumrap ing panjalin, | gurita, tumrap ing wêsi, | zie J.Z.I, 368-12 v.o maar J Spraakk. 38-2 v. o. niet wariwe maar wariwi.

têlêng

ing praja Surakarta têlênging karaton Jawi P. W. 271-8 v. o.

tapi zie taha.

topan

sadurunge banjir topan, Indj.II, 55 (38).

--- 65 ---

tapak angin

kopat-kapita kaya ula tapak angin, P. II, 287-9 zie branjangan.

tidha kula punika botên rumaos gadhah kasagêdan, tiyang kathah amastani pujôngga, sayêktosipun taksih tidha-tidha = cacad en kurang J.Z.I, 292-8.

teja

iku teja ingaran, subasiti, M. M. 17-6.

têmu N. panggih K.

kanthong pinanggih botên wontên, 1001 N. II, 43-5 | badhe numpês Ki Untung sarencangipun, nanging pinanggih suwêng, B.T.D. 389-6 v. o.

taman (= patamanan)

gêbyaring busana tuwin kêlabing bandera, apindha sêkar sataman, B.T.D. 300-9 v. o.

têmên

wong tumêmên ing barang sathithik, iku iya tumêmên ing

--- 66 ---

barang akèh mêngkono uga gosok baline, Indj. II, 161-1 (10)

tamindari

Layang Tamindari ... sajatining wanudya, tan wontên ingkang sabar langkung saking patang santun, tinilar ing lakinira. | sumèntêg raosing galih / ... pira lawase wanudya // | sabare pisah lan laki / kuwate anyrantèkêna / Siti Kabibah ature / dhuh rama atur kawula / pan amung tigang côndra / yèn langkung saking puniku / risak badaning wanudya // | lir sarêm kabyur ing warih / saking susahe ing nala / tansah manggung brôngta nglamong / ... //

tumpu zie sato

tumpak KN

Mangke sontên yèn sampun numpak pêtêng, 1001 N. II, 67-2 v. o.

tampua zie manyar.

tumpal

--- 67 ---

dadosa numpal kèli kula badhe nusul sapurug sampeyan, J. Br. 185-3 v. o.

tumbak zie mantri

cêklèking watang B.T.D. 537-11 v. o.

tambang

tambang rawat-rawat, A. P. 7-3. lumrahe: têmbang.

tambung = samar

liring wong tinambung laku, Rm. 270-4 v. o.

têgalkuru

Kathah solahing para prajurit yèn kacariyosna ing lampah enggal dumugi ing panggenan. anuntên dumugi ing Têgalkuru, sampun sami adamêl kitha kalangkung pakèwêd (pakèwêd tinêmpuh ing mêngsah) = santosa J.Z.II, 161-17.

tabe zie amit.

tuba

nuba iwak kali A. P. 26-3.

ting

--- 68 ---

Sanadyan kaupadosana mawi ting, sampeyan môngsa sagêda manggih sasami kula, 1001 N. II, 129-9 v. o.

tangi

Yèn ora anggugu piwulanging para nabi, sanadyan dituturana dening wong kang tangi saka ing pati, iya ora pracaya, K. S. 322-10.

tingkês jagang? tingkês Kw. = kêkês

Bala ingkang lumampah ing ngajêng sami ambêkta tingkês jagang, B.T.D. 594-5 v. o.

tingalan zie wêtu

tunggak

tunggak rone angalingi, kêlantur: tunggak kalingan rôndha, H. S. 13 (31).

tungguk

Apa gawene panèwu mantri jaba, damêlipun tênggak saos majang masisiran, patênggakan sarta pasaosanipun wontên bangsal ing pagêlaran, pasowanipun ing pagêlaran, J.Z.I, 85-8 v.o katrangan: [k...]

--- 69 ---

[...atrangan:]

a. tungguk (= tunggu Wbk.) ing wayah awan, | b. saos (= sudhia) ing wayah bêngi, | c. seba (Sênèn Kêmis enz), | d. watêsan nglakoni ayahan angliwati kikising paresidhenan Surakarta, | e. pasisiran (niet masisiran) nglakoni ayahan mênyang liyan praja, kaya ta nyadran menyang Imagiri, Têgal, Dêmak, Madura, enz. sarta nglabuh mênyang Sagara Kidul. | f. pajangan (niet majangan) nglakoni ayahan nyadran, utawa andhèrèkake layon mênyang Lawiyan, utawa Kartasura enz. tuwin anglakoni gawe ana ing karaton, yèn nuju ana gawe, | g. dherekan, andhèrèk amêng-amêng sajroning nagara, | h. gadhingan, andhèrèk ingkang sinuhun, têdhak pêpara marang sajabaning nagara, | i. bijigan, nglakoni gawening kancane: kang dinadak.

--- 70 ---

tanggap

tanggap saur patitising pasang tuju, Rm. 522-4 v. o.

sa

barang kapara nêman, sagangsal kadarbe paman, satunggal kadarbe sadhèrèk, K. T. 132 (260) 3 v. o.

sohini

sohini (= tataning baris, utawa sapuluh kirna) J.Z.II, 218-2 v. o.

sahir en kabir

ingaranan ngalam sahir, kadi ngalam kabir ika, T. A. 12-9.

sahokah?

kapala kang kalayan sahokah, K. T. 40-10 v. o.

saos zie tungguk (lett b)

sandi upaya Kw. = paekan rêpit

akarya sandi upaya T. A. 42-6.

sandilata of sadilata

maosadilata, panguripe wong sabumi, Rm. 130-4 v.o tandurên ing dhepokira, sukuning Malyawan wukir. |

--- 71 ---

131-2 Anoman umêsat mabur, marang wukir Ngimagiri, sukuning wukir Malyawan, 466-10. sandilata wus pinêthik, r. 1 v. o.

sondêrut of sondhêlwut maar J.Z.I, 141-5

sundêl laut.

sinta: dèwi

wre Saraba pujôngga angênting / mulata gusti marang ing sira / dèn umbara kagunane / marna warnaning ayu-/ nira nora êntèk kinawi / malah kuranga papan / lêwih ayunipun / sambêda pinèting pêjah / goyang muka dhuh yayi putri Mantili / liwat bayèng ubaya // Rm. 387-9 v. o.

santri

Kêthèk dolanan krambil, menco: ngocèh, santri ngaji Kuran, ora ngêrti apa kang diunèkake, Zamensp. L. Th. Maijer, 66-2.

sêndhal mayang

Rêtna Dèwi Surtikanthi dipun sêndhal mayang, J. I, 483-8.

--- 72 ---

(= kaya panyêndhale pangamèke mayang jambe).

sundhulan = sumêndhi en kakang wuragil

Sundhulanipun nama Lêmbumangarang wuragilipun èstri nama Ni Mêrgiwôngsa B.T.D. 12-1.

sandhang enz

Sri bupati ing Mandraka agung danane, awèh sandhang wong kawudan, paring pangan wong kaluwèn, suka têkên wong kalunyon, asung kudhung wong kapanasan, karya suka wong prihatin, J. I. 2-6 v. o.

sanjata KN.

Saudara nêdha sanjata pitulung tiyang ingkang sagêd damêl baita J. Br. 14-9. v.o

sor

wong asor iku wong kang ora kandêl pasaksène amarga saka nistha panggaotane, kaya ta: abolêrêng (wong gawe arêng) | abibis (wong gawe êdom) | angurut (wong gawe kawat) |

--- 73 ---

anggêndhing (wong gawe êgong) | anggênjong (wong sayang) | anggalinthang (wong gawe grabah) | anggêdhig (wong pandhe) | cukit (wong adol trasi) | kurakah (wong jagal) | kumbah (wong jurumpuh) | dulit (wong adol ênjêt) | muntrêng (wong mêdêl) | marakèh (wong kundhi) | malêrêng (wong mêmêlik) | brangke (wong blantik)

sari

nulya mandhetana sari (= tumuli) T. A. 27-12. | kakang sari (= kakang adhi) H. S. 241 p 21.

sarandu = nêpsu KN. duka KI.

Ditya ingkang mikul wimana jrih, sinarandu mring Rêtna Trijatha Rm. 382-6 (= dinukan) maar Ki Srandu panotoge [panoto...]

--- 74 ---

[...ge] putra Talkôndha, dumrujog tanpa larapan, A. J. 9-12 (= kêtungka)

sarak

Dhawah sampeyan ingkang dhumatêng kula, badhe kula upamèkakên sarak ing salami-laminipun, 1001. N. II, 301-8 v. o.

surtan = sultan, Bat verh 2e deel 144-2

sarawèdi en sujana

mung juru sarawèdi dhewe kang nyumurupi ing sêsotya, utawa mung wong sujana dhewe kang nyumurupi wêwadining basa Sing P 211-1.

srilara = mayit

têgêse srilara rajapati, iku mangkene: mayit kang tinêmu dening kinaniaya ing wong iku aran srilara, bangkening durjana, utawa wong ngamuk tuwin kêkêrêngan aran: rajapati J. W. 16-5

srama

Kula piyambak inggih srama sapinggiring jurang 1001 N. II,

--- 75 ---

365-4

sirêm

sirêm-sirêm diwangkara kingkin (= srêngenge ramyang-ramyang sêmu susah) B J. 119 p 1

sorog

lesane wong bèrbudi iku upama soroge sakèhing gêdhong kawruh, Oem, J. I 32-5 v. o.

srêngenge

a. Mèh raintên srêngenge sumirat abrit, kados masipat ing badan sakit, ungêling pêksi ingkang mencok ing kajêng kanigara kados pangrêngênging kidungipun tiyang kasmaran, J.Z.II. 169-5 v. o. | b.Kalayan ing nalika jawah garimis katut ing angin ambêkta gônda wangi, amêwahi asri ngantos dumugi ing wanci têngange, srêngenge katingal sulap, kalingan ing mega tipis, ramyang-ramyang kados jala, asri lampahing srêngenge kêlap-kêlap ing lampahipun, kados walungsunganipun Hyang Ôntaboga id 49-5. |

--- 76 ---

c. Mangkana ing sakonduripun sampun sami lumêbêt ing dalêm, Prabu Suyudana kantun galihipun sêngkêl lajêng dhatêng ênggèning garwa, srêngenge ngangkat badhe sêrap lajêng sangsaya pêtêng. Mangkana sêmu karêmênên ningali rêrêngganipun salêbêting kadhaton, id 259-6 v. o. | d. Kalanipun Prabu Ceda pêjah sarêng kalihan Satradarma anuntên dumugi rintên, sangsaya padhang srêngenge mradini ing paprangan, punika mangsahipun ratu ing Wiratha sarta Pôncawala andhèrèk, sirna kang ajrih, ingkang minôngka pangajêng wayahipun tiga prajurit linangkung J.Z.I, 314-6 v. o. | e. Ngajêngakên raintên, srêngenge sêmu abrit, kados maripatipun tiyang sakit, ungêling pêksi ingkang mencok ing uwit kanigara kados pangrêngênge kidungipun tiyang kasmaran (padha karo lett. a) papêthoking ayam, ingkang sawênèh wontên ing paragak, kados pasambating èstri tinunggil tilêm, mêrak mungêl,

--- 77 ---

kombang angisêp sêkar wontên ing patamanan, id 181-5 | f. Upami kados srêngenge ingkang botên kalingan mêndhung 1001 N. II, 274-5 v. o | g. Kados aningali srêngenge wanci siyang ingkang botên kaalingan mega id 258-6 v. o. | h kados upami lampahing srêngenge anarajang mega piyak, id 311-1 v. o.

suka en bungah zie opah.

sukêr

luwih saking nyênyukêri ngrame Rm. 43-2 (têgêse ana ing dunya nglakoni panggawe ala, pêrlune tumitah: apa).

sukêtaris, J.Z.I, 125-4 niet sukêt, of sèkrêtaris.

sikatan

kaya sikatan mamrih mêmangsan, D. W. 21-10 en nyambêr walang P. II, 289-6.

--- 78 ---

sakawit zie wit.

sudara

amargi saking pêwèwèhipun Ki Untung sarta sampun sami manjing sudarawèdi B.T.D. 383-11. | Sadulur sinorohwadi, ngibarat tiyang têtêpangan ingkang sampun botên sigèn-sinigenan, J.Z.II, 117 (222). | Lumrahing pakêcapan: sadulur sinarawèdi.

sudira

mangsah sudira tan taha Rm. 27-7 = kêndêl ora sarônta, | kasudiran: têtelane ana ing paprangan, | kautaman: yèn nêtêpi marang janjine, | katrêsnan marang mitra: mitulungi sajroning kasusahan, centj. J. III, 58-8 enz.

seta

Sangsaya girang Sang Seta senapatining Pandhawa, anglêpasakên jêmparing linangkung dhatêng ingkang wasta Santanuputra,

--- 79 ---

andêl-andêlipun Kurawa J.Z.I, 347-7.

sêtana

akathah sêtana (= astana) cungkup ingkang kula tingali 1001 N. I. 199-5 v. o.

setan gondhil

golèkana dolanaku, lamun nora bisa tan wurung ingsun bêsmèni, wismanira joglo kang ajajar sanga A. P. II, 125-8 v. o.

satru

dikêbat angrampèka satrumu nalika isih padha ana ing dêdalan, Indj. II, 9 (25).

siti sundari

Yèn ana pujôngga anggambar ing êmas, rineka kalane aku dadi pangantèn, nuli dêlêngên, kambi macaa layang carita (pikramane) dadine ilangku prasasat bisa caturan karo kowe: dèwi, J.Z.II, 216-8.

sato wana

Anggung cangkrama nênuba, myang numpu sato wanadri A.P.

--- 80 ---

40-8.

satyaki

Awrat Burisrawa sanggènipun, bêgja andika kêpanggih, ya ta Satyaki mênthang gandhewanipun agêng J.Z.II, 247-12 v. o.

sêtama en setomi

Semahipun para bupati sadaya sami angujung dhumatêng mariyêm kêkalih wau ... ing nalika punika dipun sangkalani: naga papat nêmbah ing ratu = 1248 A. S. 239.

sètubanda

sètubanda = bêndungan kandêl, | sètubandalayu = bêndungan kandêl dawa, | sètubandatbuta = bêndungan kandêl gêdhe, | sètu Kw. = bêndungan, banda = kandêl, | layu = dawa en buta = gêdhe.

susu

susune Dèwi Anjasmara kaya majakêncana, abundêr lagi wayah cumangkrama, têgêse: cumangkrama lagi

--- 81 ---

nêdhênging wayah: minôngka kalangênan linuwih D. W. 130-13.

sastralaku

Kidangika manganumbuti ngarèn = kidang ika mangan umbuting arèn, J.Z.II, 32-3 v. o. | durangkara = dur angkara id 191-2 v. o.

sisip, en sêmbir

Ora wurung angga mawa ala ing akèh (= marang wong akèh, sisip sêmbir) = sisip-sisip sêmbire (anggêpok wangkonging gusti) P. II, 282-2

sawo = sampe

Padha sumingkira mênawa kasawo ing pêrang A. S. 203-2 v. o.

siwo = bedhung

nyênyiwo pêrang = ambêbedhung pêrang

swara

kriciking kêndhali P. I, 163-1. | krapyaking watang gathik | kumêncranging pêdhang B.T.D. 537-11 v. o. | kumrasak kaya udan narajang alas pajatèn, id. r. 2

--- 82 ---

pangriking kuda id r. 2 | pangêmprèting dwirada id. r. 2. | gadêbêging lumaku id 346-3.

sawang-sawung

Sawang-sawunging ajurit = kasawang sarta kaanggit, | Sawung Kw. = anggit, Rm. 266-7

selok

andhudhuk wi selok, Tjemp. 42-4. zie Hontj.

silêm, zie dharatan

suleman

Pangandikane kangjêng Nabi Suleman, gampang angarah kêmlaratan, karo angarah kasugihan 1001.N. I, 362-5. | Pangandikane Kangjeng Nabi Suleman, hèh wong kêsèd, sira mênyanga panggonaning sêmut, titenana salaku jantrane, amêsthi sira dadi tabêri lan pintêr Hontj. 1, 44-6.

salamêt, N. wilujêng K.

--- 83 ---

Ingkang wau kula inggih sampun angaturi wilujêng kantun dhumatêng wayah kula Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan, J. Br. 329-10.

sapu

Yèn sira ora miturut marang panteheparentahe. si demang Ongke: kang bênêr, amêsthi sira ingsun buwang saka ing sabêt saponira J. Br. 51-1. | Nitik larining durjana langkung sabêt saponing tiyang, J.Z.II, 63-4. | Pinacuhan yèn ngambah sabêt sapon ing atas angin, P. 258-4. | kasapu = kagitik ing pênjalin, B.T.D. 384-2.

sapura = apura

Sing aluput ya ngapura sinapura, Kantj. 143 p 14.

sipat en. kandêl

rêdi (Sk) tamping (Jogja) = politie) inggih ugi kenging yèn kadamêla sipat kandêl, J. W. 137-5.

supata

--- 84 ---

aja pisan asupata Indj. 9 (34)

sapa sintên

sapa sintên ingkang kari T. A. 179-2. v. o.

sêdhah, empu ...

Sigêg ing tingkah anggènipun adamêl sangkala Êmpu Sêdhah ing taun 1079 nalikanipun wiwit nganggit pêrangipun Pandhawa, dadosipun pêrang akalihan ratuning Kurawa, mokhal§ mokal yèn kula sagêda nganggit Sêrat Bratayuda, panganggit kula upami kados tiyang nginang amung sêdhah kemawon, tanpa apu, tanpa wohan, tanpa gambir, saèstunipun sêpa botên wontên sêdhêpipun ing untu mêsthi malah adamêl ngêrêsing manah. sagêda, upami kados sêdhah dipun mamah tanpa apu: wohan: gambir, dene botên wontên raosipun ing untu, saèstu malah ing mangke adamêl ngêrêsing manah, J.Z. 379-2 v. o.

sidhawakya = etung palintangan, Tjemp. 110-5 v. o.

sidhêm = mênêng en pramanêm = bungkêm

--- 85 ---

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang siti dhusun, purun-purun nyidhêm pramanêm, rajatatu utawi rajapêjah J.W. 44-1 (= mênêng ora muni).

suyudana

Mangkana dipun tiru dening Sang Prabu Suyudana anyamèni, Sangkuni dados sirah botên liya Salya dados cucuk, panjawatipun kiwa têngên Sang Bisma kalihan Druna minôngka andêl-andêl, ratuning Korawa wontên ing gêgithok, Radèn Drusasana wontên wingking J.Z.II, 151-1. | Mangkana sakonduripun sampun sami lumêbêt ing dalêm, Prabu Suyudana kantun galihipun sêkêl lajêng dhatêng ênggèning garwa, srêngenge ngangkat badhe sêrap lajêng sangsaya pêtêng, mangkana sêmu kados karêmênan aningali rêrêngganipun salêbêting kadhaton id 259-5 v. o.

sayabara zie bara Lett. b.

samun = biyasèng asamun zie ajur-ajèr.

samanta

--- 86 ---

nyamantakake = mupakatake Ned. W. II, 28-1 maar samanta Kw = kabèh.

sumêndhi zie sundhulan.

sumawana

barang sakalirira, sumawana (= apadene) ngèlmunipun T. A. 7-11 v. o.

sumlêngêrên zie sêngêr.

samipaning A. P. 108-1.

sompil

Balanipun sami ngrangsang biting, yèn sinawang kados sompil ngrubung watu B.T.D. 587-5.

sampang

Aja nganggo carane wong bang kidul, bêcik nganggo carane wong bang êlor, bajag Sampang, surak Dêmak, kroyok Pathi, bujuk Mataram, gègèr Pedan, sida Palar P.I, 345-4 enz.

sambu Kw. = samar

ora ana kang wowor sambu = o samar D.W. 1882.

--- 87 ---

sêmbuh

kasêmbuh ingugung dening rama ibu P. I. 332-4 v. o. | luput pati kasêmbuh krama putri jin H. S. 10 p 22.

sambiwara

para bakul sambiwara sauruting margi ingkang kalangkungan tindake satriya Madukara gumêrah sami ngaruh-aruhi P.I 382-2.

sumbalinga

sumbalinga yèn anuta maksih urip T. A. 42-13. | sumbalinga lamun tinêkana dening W. W. 67-3. | sumbalinga Kw = katuwone.

sêmbiya = sêmbayang of sêmbahyang 1001 N. II 90-5 v. o.

sembong

tiyang èstri botên kenging minggah ing sitinggil, mênawi botên sembongan utawi pinjungan J.Z.I 256-5 v. o.

sêmôngka

nanging janjiku marang kowe, tanah Jawa sinigar sêmôngka [sêmông...]

--- 88 ---

[...ka] A. S. 279-5 v. o.

sumôngga zie sôngga

sêga

pawèstri yèn kala adang, ywa lali buwang sêga: ing tumang, utawa nutu ing lêsung: tinggala bêras. | miwah lamun amususi / pabanyon tinggala bêras / yèn angi tan kêna supe / aninggal sêga ing iyan // M.M. 48-6 v. o.

sêgu

yèn sêgu kadya galudhug. P. I. 51-3.

saguh

saguh lan anuhoni kasaguhan, iku bangêt sulayane Dier verh 14-8 v. o.

seba zie tungguk (c)

sêbar

prasasat ngundhuh sêbaranipun tiyang sanès H. T. 8-2.

sabda pandhita ratu zie ratu.

sabêt sapon zie sapu.

--- 89 ---

sèbêt byar katalika P.I. 23-11 v. o.

sabaparan zie paran

kawêngèning sabaparan T. A. 94-10 v. o. zie tula.

subamanggala

subamanggala: têgêse udan awor panas (= udan kêthèk macan dhedhe) W.W. 134-5.

subaga

subaga surônggakara B. J. 98-17 (= misuwur kêndêl) subaga Kw. = misuwur, surônggakara Kw. = kêndêl.

sing

singsara 1001 N. I. 317-10. | singa pawonge KT. 182-1.

sangu

sangune wong ana ing ngalam dunya: mung kabêcikan 12 verh 75 (1).

sêngêr

--- 90 ---

sumêngêrên niet sumlêngêrên A. S. 190-2.

sèngklèh (pambuwangan ing jaman kuna) padhane ing kabarehan (Jogja) J. W. 128-3 v. o.

sêngit

sabab durung ana wong sêngit marang awake dhewe Indj II. 403 (9).

sungsum gêgala zie otot.

asungsuma timah D. W. 50-2.

singapura (= singgapura) P.L. I. 182-7.

sôngga

Pamadi: aku lilanana ya dhi, kulanuwun inggih sumôngga P. II. 83-3 dadi pasulane tuwan v. d. Broek karo tuwan Walbeehm zie tijdschreft. 1895. | ananggakkên = nyumanggakakên Tjemp. 8-7.

woh

mungguh kasukuran iku minôngka wohing ati papêthingan Oem J. III. 232-9 v. o.

wahini

--- 91 ---

Sugriwambêk pinandhita, mulane wruh ing wahini Bm. 269-9 v. o. wahini Kw. tunggang (= anut marang Bathara Rama) utawa duwe têgês manèh: baris zie sohini

wanuh = bedhangan.

Culika marang ing priya, wanuh lan Sang Hyang Surya H. S. 56 p 8 putra ingkang sêpuh kawêntar yèn ing sapunika wanuh kalihan Dèwi Surtikanthi. P.I. 401-8 v. o.

wênèh

sawênèhing wong Indj II 25 (28) | sawênèhing ngulama Indj 17 (2) | sawênèh tiba ing Indj 26 (5)

winantea

garudha winantea (= ratuning manuk) Rm 396-1. | abinggêl murub, anitih winantea J. Z. R. 319-1.

winuni jaladara = kinêmulan awun-awun.

winuni Kw. = kinêmulan, jaladara = awun-awun, W.W. 38-5.

--- 92 ---

wancaksuji niet pancak H. S. 24 p 3 zie pancaksuji.

wintaraga niet minta en mentaraga J.Z.I, 358-4 v. o.

wanting: pamantingan B.T.D. 21-5 = pamancingan zie pancing.

wêr

muwêr wontên salêbêting biting lan sabalanipun, B.T.D. 220-11 v. o.

warna

Warna iku dhasare putih, banjur bisa dadi: abang, irêng, ijo kuning sarta liya-liyane antaraning rupa siji lan sijine: kaya ta: a. putih: jambon, jingga, abang, wungu | b. putih: [p...]

--- 93 ---

[...utih:] gêdhah, biru laut, biru tuwa, irêng, irêng langking (gilap) | c. putih: ijo godhong, ijo dhulang, ijo, ijo gêndul. | d. putih: kuning gadhing, kuning nêmugiring, kuning bêngle keris, kuning ngunir bosok. | Antaraning rupa patang bagian mau bisa nganakake rupa liyane manèh kaya ta: [t...]

--- 94 ---

[...a:] klawu, kapurônta (kuning kaworan abang), dadu (biru kaworan wungu) | Kaluwihaning warna ora nganggo têmbung: bangêt, kaya ta: irêng jangês, ijo royo-royo, abang branang, kuning maya-maya, wungu gêndul, putih mêmplak, biru riyêm-riyêm of biru langit, | kang irêng pindha dhandhang rêraton P. I, 45-9 en kaya gagak rêbut mêmangsan D. W. 39-3. | kang rêkta pindha giri pawaka = kang abang pindha gunung kobong id r 10 utawa kang abang pindha kêmbang palasa D. W. 39-2.

--- 95 ---

kang kuning kaya podhang rêraton id. | kang putih kaya kontul anêba P. I. 45-9 en D. W. 39-1.

warsa

kadaluwarsa Ned. W. I, 13 (31) = kalingga nata.

warigaluh

wong misaya ulam kaèksi, Nabi Ngisa angucap, mring wong Warigaluh T. A. 174-10 v. o. = tuwarawa.

warôngka = zie bêbêd.

wukir

wêwukiran = pêpukiran zie ukir.

wêkas N wêling K zie tundhung.

wadi N wados

a. Wadimu aja kobalakakake marang wong kang wis ngumum ora wêruh ing duga prayoga, sabab wong mêngkono iku ora bisa nyimpêni wadi, nanging aja sumêlang kowe amartakake wadimu marang wong bijaksana, wêruh ing duga lan prayoga 1001 N.

--- 96 ---

I, 165-2. | b. Wadimu kêkêrên, aja kotuturake marang wong awit yèn kawartakake wadi iku ucul saka ing pasimpênan. 1001 N. I. 164-10. | c. Wados ingkang wontên ing kula kados upaminipun wontên salêbêting kamar ingkang dipun kancing, ical sorogipun. 1001 N. I. 165-7.

wêdi

wêwêdi pasangan pulut Kantj. 14 p 15.

widi = idi

kurang têlu tèng, dawêg dika widèni J, Z. I. 119-2.

wadon

a. Wong wadon sumuyuda marang lakine dhewe, prasasat marang gusti Indj. II. 403. (22) | b. Paribasanipun tiyang kuna, panggitiking saduluran wadon, lêgine upami wohing anggur, watu kang pinanggalake: upami isining dalima 1001 N.II. 276-8. | c. Edan bangêt yèn wong murih didhêmêni ing wong wadon candhala [ca...]

--- 97 ---

[...ndhala] sarta palanyahan Oem J. II. 180-4.

widadari

medhadaryani = midadarèni Tjemp. 135-10 v. o.

widibyanung

iya Sang Rama Bargawa, widibyanung lêlabête Rm. 25-3.

wit

a. Punika pangagêngipun ingkang nêmpahana sakawit. J, W. II. 228-4. | b. Wit aêri ora bisa woh anggur, wong nyêbar wiji tuton: ora bisa ngêrit pari Oem J. II. 228-4. | c. Tiyang dhêdhaharan botên mawi gôngsa, kaupamèkakên wit-witan tanpa uwoh 1001 N. II.255-1.

watu

ambêguguk nguthawaton J. W. 198-5 v. o. zie angsana.

wêtu N. wêdal, K. wiyos KI.

lênggah dalêm sinewaka ing dina Sênèn Kêmis lan anguningani watang ing dina Saptu (dhèk ing jaman kuna) iku aran: [ara...]

--- 98 ---

[...n:] miyosan, dene kang aran wiyosan = tingalan, ana warna papat, kaya ta: a. tingalan wêton sabên 36 dina. b tingalan wukon sabên 7 sasi. c.tingalan taunan sabên 1 taun. d.tingalan jumênêngan sabên 1 taun.

watêk: nagara

umuk Sala | kroyok Pathi P.I. 345 r 5. | surak Dêmak P.I. 345 r 5 | sida Palar P.I. 345 r 5 | gègèr Pedan P.I. 345 r 5 | bujuk Mataram P.I. 345 r 5 | bajag Sampang P.I. 345 r 4

watêsan zie tungguk (d.)

watang zie tumbak

krapyaking watang anggathik zie swara.

wis

--- 99 ---

Ingkang panjênêngan dalêm sampun maringakên, 1001 N. II, 463-9.

wisa

Wisaning urip: tanpa arta, | wisaning wadon: yèn kararaban uwan. | wisaning pandhita: yèn carobo. | wisaning mangan yèn ora ajur, zie Pan. S. | pakewuh ngluwihi wong kêpêksa nêsêp wisa saka tatune wong kang cinakot ing ula mandi Oem J. II, 115-5.

wastra

putra sampeyan adhiajêng samangke lampah culika, alêlawanan kalihan pun Sukra, sampun urup-urupan wastra B.T.D. 470-4 v. o.

wasisan Kw. = babarpisan

wasisan sira nyambata H. S. 73 p 17. | wasisan dadia mêngsah H. S. 188 p 29. | wasisan patènana P. I, 119-8 v. o.

wawan, Kw. = opah, anggo, sabab, gawa

--- 100 ---

Pangeran Adipati Anom, anggènipun palakrama tansah awawanpabên, B.T.D. 458-5. | wawansabda = udur.

wiwit

miwiti malah mêkasi Rm. 337-9 v. o.

walèh

walèh-walèh punapa P. II. 84-3 v. o.

wulu êdom zie otot kawat Lett. a.

walônda

a. para Walandi mardika niet tuwan-tuwan, maar para tuwan-tuwan niet mardika J.Z.I, 234-4 v. o. en 237-6. | b. Sabab watêkipun tiyang Walandi punika yèn dipun prasanak tansah mangarahi B.T.D. 325-7 v. o. | c. Watêkipun tiyang kumpêni punika sakalangkung naracak, yèn angsal bancik lajêng minggah ing pundhak, id 53-6 v. o. | d. Watêke wong Walônda ora ngina lan ora nacad marang agamaning liyan, malah kinosok bali luwih angurmati lan angajèni marang agama mau,

--- 101 ---

awit saka iku saya luwih manèh pakurmatan lan pangaji-ajine marang wajibe dhewe Zam L. Th. Maijer 64.

walang

Sidhêm pramanêm tan ana banene walang salisik P. I, 3-6 en J. W. 44-1. | walang alisik Tjemp. 80-10, | kalanturing pakêcapan, walang asisik. | Yèn kula katandhing kalihan tiyang ing ngriku: prasasat walang KS. 117-2.

walungsung zie srêngenge (b)

Dene ingkang kalimrahan, tiyang gadhah sadhèrèk punika amêsthi dipun agêngakên manahipun, sarta winalungsung ing busana ingkang adi-adi B.T.D. 456-4.

wêdhi

Dhasaring gunung Brama wêdhi putih kasorotan padhanging srêngenge katon gumilar kaya laut, obahing wêdhi kasêntor ing angin angombak apindha alun P. L. I, 127-1.

--- 102 ---

wudhu

loro sawudhon zie pidak pandarakan.

wiji

Prasasat nyêbar wiji ing pawêdhèn, utawa ngupaya woh manggis ing ngisor wit jati, tuwin nandur dhadhap disirami ngarêp-arêp bisane awoh krambil Oem. J. II. 141-1 v. o.

wibisana

Sang Wibisana sampun lênggah wontên ing pasamuan, cahyaning ulatipun kêtingal, Dasamuka bingah, awicantên sêru dhatêng para punggawa. J.Z.I, 319-4 v. o.

wong

kawong, lumrahing pakêcapan, kang wong P. 196-6. | mada kawongan J.Z. II, 49 (313) | kawongan asu enz | gadêbêging wong lumaku P. I. 346-3 zie swara.

wong ayu

a. Prasasat wong ayu kang dhêmên disihi utawa didhêmêni ing wong akèh. Oem. J. II, 179-10. v. o. |

--- 103 ---

b. Tiyang ayu tulus, sakathahing pakurmatan kula namung kadarbe ing sampeyan. 1001 N. II, 269-11

wingi en uni

antawis pitung dintên waluya kados wingi uni B.T.D. 463-1 M. M. 8-4. H. S 6 p 1.

wangon = omah

datan arsa kauban wangon, kêkadhar munggèng wana P. 101-1 en 1001 N. I, 172-7 v. o.

lo

kula purun supaos, yèn kula sumêrêpa dhatêng wit êlo, sami ugi botên sumêrêp kula dhatêng sêsupe wau. Schm. verh 29-1.

luh

a. Sabab olèhku nulis layang marang kowe awit saka bangêting kasusahan lan karupêkaning atiku kalawan êluh akèh. Indj. II, 371 (4) | b. Pintên laminipun anggèn kula angêkêr trêsna, ingkang adamêl risaking badan kula, rêntah ing êluh ingkang botên [botê...]

--- 104 ---

[...n] kèndêl-kèndêl, anjêjodhèri osiking manah kula, 1001 N. II, 256-8.

loh: jinawi zie panjang apunjung.

laha

lêbar ing lêlahan B.T.D. 670-2 v. o. zie lalah.

lanang

wong lanang trêsnaa marang rabine dhewe Indj. II, 403-(25)

loncung boing A. P. II, 76-4.

lintang

a. Sarêng lintang sampun katingal gêbyar-gêbyar, kaluruking sawung sampun kamirêngan, kados angèngêtakên, hèh wong kêsèd kang padha turu, angucapa kaluhurane Gusti Allah kang asipat êsa, wungu ora tau sare-sare. 1001 N. II, 245-4. | b. Gêbyar-gêbyaripun kados lintang katingal dalu panuju pêtêng id 269-2.

linting K = rokok

--- 105 ---

J. Br. 299-2 v. o.en J. Z.I.190-11.

landheyan

krapyaking landheyan P.II 164-2 v. o. watang agathik P I, 45-11 zie swara.

lara

Aja mêsthèkake rahayuning awak, awit sawijining lêlara utawa lêlakon bisa gawe rusak kalawan dadakan. Oem J. III. 50-8.

lokika verk lokahika (panggonan iku) J.Z.II 241-7 v. o.

lêkas

apa silih tanpa don wêkase Rm. 94-2.

loka manguntur titi

Age-age: yayi Dèwi Sêtyawati, sun antèni sira, ing loka manguntur titi (= tak êntèni ana ing kahyangan ing Sitinggil bênêr) B. J. 157 p. 6. | loka Kw. = kahyangan, manguntur Kw = Sitinggil, titi Kw = bênêr.

--- 106 ---

ladak

ladak kawarisan D. W. 11-12.

lidok

lidok ujare wong dhaplok P. I, 201-6.

lêsu

kinarya lêson prayoga P. W. 67-9 v. o. | Kowe apa ora lêson tuku tômba sayah, gawok-gawok wong lêson H. Sari 88-2. | Sadangunipun kula lêson Bat verh 21-3.

lesan

lesane wong pitênah upama gêni, bisa ngobong nagara.Oem J. I. 51-3.

losin J.Z.I. 202-8 v. o. têmbung: losin, saiki pakêcapane malah bali marang asaling têmbunge, dadi: dosin

lawe

mênawa sabên dina bisa olèh lawe saêlêr, lawas-lawas bisa dadi jarit sakêbar. 12 verh 75 (3).

--- 107 ---

lawun Kw = pêdhut

dèn dusi ing toya gege agêng kalawun-lawun P. 49-2 v. o.

lawang zie jênêng.

lalah

lêbar nglalahan J.Z.II, 40-13 v. o. utawa lêbar ing lalahan, zie laha, lumrahe: lêbar nglahan.

lalawora

ingkang dipun wastani tiyang lalawora punika tiyang urakan, kados ta: badhut (niet da) bujang, tiyang ambêbarang, tiyang ngulandara. enz, J.Z.II, 2-3 v. o.

lodhaya

Dhistrik Lodhaya kabupatèn Balitar, paresidhenan Kadhiri, dhèk jaman kuna panggonan pambuwangan. Ned. Indie verh. 194-2 v. o.

layu

Aksara byataraning sisiran nganggo pada ... panyambunging aksara sisiran mawa pada layu- kaya ta:

--- 108 ---

titi yatah ya ta busana wa- skitha dwisthèng patêmone P. S. 57. | juwêt ambawur sila- krama salah saur P. S. 75. | wus praptèng jaba- nkitha sriyaksa pati Rm 486-5. | ingkang minôngka kanya- taaning suksmèku W. W. 63-5 v. o. | binalanga gagang suruh- bae gêmpuran Ngalêngka Rm. 159-7. | kalokèng saking kayanga- nira Bathara Endra W. W. 3-7. | rinêksèng widhi dhustha- nirèng satru mungsuh Rm. 49-7 v. o. en A.P. | pasanggrahane Panji Inokartapati: ana satêngahing alas aran: Layudirga. P. Dj. 152-4.

layang

araning layang sarta kang nganggit, papêthikan saka J.Z. I, 351-2 v. o. enz winor lan Letter Kunde Dr. I. I. de Hollander 230-7 v. o. enz. kaya ing ngisor iki:

--- 109 ---

Ahmad Muhammad, ora têrang kang nganggit, Anuragasura (ook Bumakalantaka en Embatali) de Holl. | Ariwanda, kang nganggit Êmpu Panuluh. | Hidayattullah, ora têrang kang nganggit. | Iskandar, Ngabèi Yasadipura I. | Asmaradahan, Êmpu Salukat, lan Êmpu Karmajaya. | Asmaradalan,? de Holl. | Asmarasupi, adipati ing Samarang, rinampingake Ngabèi Yasadipura I. | Aji nirmala, Êmpu Wiratmaka. | Embatali zie anuragasura. | Ambiya, Ngabèi Yasadipura I. | Anglingdarma, adipati ing Samarang. | Nitisastra, Prabu Widayaka. | Nitipraja, Sultan Agung |

--- 110 ---

Nawawi, Ngabèi Sastrawijaya, | Cênthini, anggitan saka pasisir, banjur dianggit manèh dening Rônggasutrasna, | Carakabasa, Carik Bajra ing Kartasura, | Ramayana, Êmpu Puywa, | Raja Kapa-kapa, Pangeran Kadilangu, | Rêngganis, Rôngga Janur, | Kancil, Kyai Rôngga Amongsastra, | Kandha, de Holl, | Kuncara krêsna, Êmpu Bodhaguna, | Krimataya, Êmpu Panuluh, | Kuda Narawôngsa, Carik Bajra katuranggan, Radèn Manyura, | Khabar Kiyamat, ora têrang kang nganggit, | Darmasunya, Bathara Panyarikan, | Darmasarana, Êmpu Tapawangkêng, | Dasanama, Carik Bajra, |

--- 111 ---

Dewaruci, Êmpu Widayaka, | Dewatrata, Êmpu Widayaka, | Damarwulan, Carik Bajra, | Tajusalatin, Ngabèi Yasadipura I, | Sèh Tekawêrdi, ora têrang kang nganggit, | Sèh Malaya, Pangeran Adilangu, | Sanasunu, Ngabèi Yasadipura II, | Sindhula, Panêmbahan ing Madura, | Surti, Pangeran Karanggayam ing Pajang, | Suryakêtu, de Holl, | Suryangalam, Sultan Dêmak, | Sorangsa, de Holl, | Sasanaprabu, Carik Bajra, | Sewaka, Ngabèi Yasadipura I, | Suluk, para wali, | Sumanantaka, Êmpu Monaguna, | Wiwaha (ook Mintaraga), Êmpu Kanwa, |

--- 112 ---

Wulang Rèh, Sinuhun P.B.IV, | Pandhupapa, Êmpu Mayangga, | Pandhawadana, Êmpu Tapawangkêng, | Panji Anggrèni, Ngabèi Yasadipura I, | Panji Sêmawung, Mas Rônggawarsita, | Panji Paniba, Mas Rôngga Awikrama, iya iku Ngabèi Yasadipura III, | Panji Priyêmbada, Sinuhun P.B. III, | Panji Jayakusuma, de Holl, | Panji Jayalêngkara, Ngabèi Kartadiwirya, | Panji Murtasmara, Carik Bajra, | Pranacitra, Rôngga Janur, | Partanyagnya (ook Partakrama) Êmpu Tanirat, | Paramasastra, Prabu Widayaka, | Prabangkara, Carik Bajra, | Pawukon, Ajar Artandriya, | Palgunadi, Êmpu Karmajaya, |

--- 113 ---

Pêpali, Kyai Agêng Sêsela, | Joasah, ora têrang kang nganggit, | Jaka Krèbèt, Carik Bajra, | Jaka Salewah, Sunan Kalijaga, | Jatikusuma, Pangeran Adilangu, | Jayalêngkara, Pangeran Pêkik, | Jayabaya, Êmpu Salukat, kabangun Sunan Giri II, kabangun manèh Pangeran Adilangu, | Jugulmudha, Sultan Dêmak, | Yudanagara, Êmpu Widayaka, | Yudanagara Wulang, Carik Bajra, | Yudayana, de Holl, | Yudayaka, Êmpu Kalangon, | Mahadewabuda, Êmpu Puywa, | Mahabrata, Êmpu Monaguna, | Mahabasawa, Êmpu Tanirat, | Manik Arjapurwaka, Êmpu Widayaka, |

--- 114 ---

Menak, Kyai Sutrapana, kabangun Ngabèi Yasadipura I, | Mintaraga, zie wiwaha, | Manumanasa, Êmpu Jôngga, | Malawiurusan, J.Z.I, 352-7 Êmpu Paradhah, | Malawiurusan, de Holl, | Gorangsa, Êmpu Brata, | Gathutkacasaya (= lair) Êmpu Panuluh, | Bandalaksana en = bandhalaksana de Holl | Bandung, Kyai Panjangjiwa, | Bandhalaksana (J. Z) Êmpu Ragarunting, | Bandhong, Ratu Baka ing Prambanan, | Baron Sakèndhèr, Ngabèi Yudasara, | Bratayuda, Êmpu Sêdhah, | Budawaka, Êmpu Yogiswara, | Budawuku, de Holl, |

--- 115 ---

Bale Sagala-gala, Êmpu Jôngga, | Bale Sagole-gole, de Holl, | Bayan Budiman, ora têrang kang nganggit, | Bomantara, Êmpu Kalangon, | Bomantaka, Êmpu Bodhaguna, | Bomakalantaka, zie Anuragasura, | Bima Suci, de Holl, | Babad Pajajaran, Majapait, Dêmak, Pajang, Mataram} Pangeran Adilangu | Babad Kartasura, Carik Bajra, | Babad Paron Nagara = Pagiyanti, Ngabèi Yasadipura I.

--- 116 ---

lêmah

araning palêmahan kang kêna tinanduran, kang muni ing J.Z.I, 73-3 enz kaya ing ngisor iki

èstri: pawèstrèn, palêmahan kang tinanduran sacêdhaking pomahan, lumrahe: pawèstrèn, utawa: sêtrèn, iku patêgalan pinggir kali. | karang: a. karangkopèk, desa kang ora duwe sawah sarta patêgalan. b. pakarangan, pakêbonan kang mung tinanduran wit krambil bae. | kêbon: pakêbonan, saburi lan sakiwa têngêning omah utawa pasanggrahan. | talun: talun, utawa patalunan, patêgalan lêbaran gaga. |

--- 117 ---

têgal: patêgalan, kang tinanduran pala kapêndhêm, pala kasimpar, tanêm tuwuh tuwin krowodan. | sawah: a. gadhon, olèh banyu saka kali, b. tadhahan, mung olèh banyu udan, c. sorotan, antaraning gadhu lan tadhahan. | pèrèng: pêpèrèng, aran, pagajih. | gajih zie pèrèng boven | gaga: pagagan, patêgalan kang kêna tinanduran gaga. | bêra: bêbêran, sawah utawa patêgalan kang kapiran ora tinanduran apa-apa. | babad: babadan, alas, utawa tanah pagunungan kang mêntas [mênta...]

--- 118 ---

[...s] binabadan kêkayone sarta banjur ingobongan.

lumrah

lêrês kawon kalihan kalimrahan J.Z.I, 26-11 zie adat.

lamis

aja pitaya marang wong lamis, awit panganggêpe bêcik bisa sinaharakat kaya thathit. Oem: J.III, 50-1.

lampit

tiyang Matawis kakêrig lampit B.T.D. 303-3

lêmbut zie agal.

lêmbingkoting A.P.II.125-7.

libur

sabab ana pangandikane mungguhing dina Saptu mangkene: dene ing dina ping pitu Allah kèndêl ing padamêlane kabèh. Indj II 450 (4).

lubar

sira ubayanana panglubar J. W.10-5.

lung

--- 119 ---

môngka lunging kautaman, pêpaku amikukuhi Rm. 394-9.

langit

wontên ing langit kapitu T.A. 5-14. Têgêse ana ing langit kang dhuwur dhewe, nanging: kapitu barêng mara, têgêse: kabèh, katêlu gudèl, ora: 2 1/2 kêbo, katêlu cis, wong loro, cis siji, têgêse padha uga: kabèh.

langit en mega

Aku iki wong alasan, kandhang langit kêmul mega, kidang mênjangan kang nusoni. D.W 150-11.

lungiyan

kèksi asta lungiyan A.P.II, 36-6.

lingga

kalingga nata (= kaadêgan nata) têgêse: samubarang prakara kang kaaling-alingan jumênênging nata anyar = kadaluwarsa, kaaling-alingan taun anyar.

lung gênje A.P.II 71-9.

--- 120 ---

pa

ingkang palênggah Panagari dalêm ing Panaragi. J.Br.149-2.

pahala = pêrlu.

marma gung pahalanipun Rm.

pèni

pèni-pèni rajapèni, guru bakal guru dadi. P.I.2-12.

panasbaran

sangêt ing wantêripun sarta panasbaran. B.T.D.94-9 v. o.en 97-8 v o. lumrahing paêcapan,pakêcapan. panasbaranan.

pancaksuji niet wancak A.S 210-10. v.o zie wancaksuji.

pancad

bawah patang pamancat? P.I.10-11 v. o.

pancing

pamancingan J. W.154-3 v. o. en As. 247-5 = pamantingan zie wanting.

pundhi

--- 121 ---

gusti: sakalangkung kasuwun kapundhi: paring dalêm adil ing kawula 1001 N.II, 688-9 zie J.Z.R. gusjêdhig.

pandhita

sabdaning pandhita zie ratu.

panjang KN.

a. panjang apunjung, pasir awukir, loh jinawi, gêmah ripah, karta raharja, P.I, 1-7 v. o. | b. botên wontên ingkang nyamèni bagusipun, ngantos dados panjanging kidungipun para pawèstri. B.T.D.461-12. | c. kaya panjangputra sinosog ing alang-alang, malèsèt ora pasah, D.W 66-7 v. o. | d. saengga panjangputra dhawah ing sela sumayana, kumêpyur dhatêng manah. P.Dj.37-2.

pêcah

kêna rêncananing iblis, amurih pêcahe wong saduluran B.T.D.527-1 v. o.

pêcut

--- 122 ---

pêcut larut, meling ngèlmune Panêmbahan Rama, maratuwane Trunajaya B.T.D. 432-8.

para

wis jamak lumrahe wong takon gênti tinakonan, hèh kowe kang kêpara sôngga? P.I 67-9. | kawula sayah mèh pêjah pijêr paratongton payuda mami Rm. 122-9 v. o. têmbung para = paduka of tuwan. | saupami sampeyan kêpara ing tiwas B.T.D. 468 kêpara maju, kêpara-kêpere, kêpara-para enz.

prau

tiyang ing prau tinon saka ing kadohan, kaya alam kang wit-witane barindhil tanpa godhong P.L.15.

prihatin zie sandhang

paran

tan aminta paran-paran = apa-apa H.S. 65 p.2 | durung suwe têkanira ana ing ngarsaningsun, sira paran padha raharja P.I. 4-10. |

--- 123 ---

kangjêng paran verk. kangjêng pangeran. | ana ing saparan zie saba.

prênjak

polahe kaya prênjak tinaji D.W. 147-3.P.I, 205-4 = nganggo taji.

pararta verk. paramarta

wêdi asih wadya Ngayudya gung alit, winêngku ing pararta, Rm.4-2 v. o.

parêk

ing ngriku botên antawis dangu lajêng bidhal, asêlur asri dening ingkang ngiring, kalayan tabuhanipun gumêrah, katingal wêdaling parêkan, J.Z. II, 174-5 v. o.

pratikêl zie tikêl.

pratiwi zie akasa.

prasapa

prasapane para luhur ing jaman kuna kaya ing ngisor iki:

a. Radèn Bondhankajawan, ora kêna nganggo kêris [kêri...]

--- 124 ---

[...s] malela B.T.D. 49-9 en tumbak malela W.R. 64-2.v. o. | b. Kyai Agêng Sêsela, nganggo bêbêd cindhe lan nandur waluh B.T.D.77-6 en mangan waluh W.R. 65-5. | c. Panêmbahan Senapati Ngalaga, nunggang jaran bathilan jaran napas B.T.D. 101.8 v. o. en 192-7 en mangan ngungkurake lawang ing buri ora ana kang nunggoni W.R. 65-6 v. o. | d. Sinuhun Sultan Agung, nunggang jaran bêndana yèn nuju ana gawe, lan nganggo tumbak landhehan kayu wêrgu, apadene ora ingakên darah yèn ora bisa têmbang kawi W.R. 65-4.v. o. | e. Ingkang Sinuhun P.B.I nunggang gajah W.R. 66-3. | f. ingkang sinuhun Pr. M.R. ngujung astana ing Butuh lan nganggo kêris tanpa pêndhok, W.R. 66-7. | g. Ingkang Sinuhun P.B. II sumare ing Lawiyan, putra wayahe winalêran ora kalilan mangan apyun, kang nêrak jinabakake darah Mataram W.R.

--- 125 ---

66-4.v. o. | h. Ingkang Sinuhun P.B. III mitaya marang wong seje jinis. | i. Dananjaya, wêwalêr ing kuna têdhake Radèn Arya Dananjaya ora kalilan ngambah ing alas Krêndhawahana sarta ing alas Rami W.R. 67-7 v. o.

têdhaking

j. Dêmak, ora kêna nganggo ikêt wulung sarta bêbêd lonthang W.R. 68-1. | k. Kudus, mangan daging sapi id r 6. | l. Madiun, nganggo payung dhandhan abang id r 4. | m. Madura, nganggo jarit polèng sarta parangrusak id r 5. | n. Sumênêp, nganggo ajang piring watu lan ajang godhong palasa, tuwin mangan daging kidang id r 8.

purwa madya wusana 4 P 26 5.

pralambang

pralambanging nagara kang muni ing layang Jayabaya zie J.Z.

--- 126 ---

II, 249-12 enz kaya ing ngisor iki: a. Jênggala, catur rana sêmune sagara asat, pralambange karaton papat, ing Jênggala, Kadhiri, Ngurawan lan ing Singasari. | b. Pajajaran, gônda kentir sêmune liman pêpeka, Sri Pamêkas. | c. Majapait, macan galak sêmune curiga kêthul, Prabu Brawijaya. | d. Dêmak, lunga pêrang putung watange, Sultan Sah Alam Akbar. | e. Pajang, alêlungan datan kongsi bêbasahan kasêlak kampuhe bêdhah, Sultan Prabu AwijayaAdiwijaya. | f. Mataram: 1e. surakalpa sêmune lintang sinipat, Kangjêng Panêmbahan Senapati Ngalaga. 2e. kêmbang sempol sêmune lêbe kêkêthu, I. Kangjêng Susuhunan Adi Prabu Nyakrawati Senapati Ngalaga kang seda Krapyak.

--- 127 ---

II. Kangjêng Sultan Agung Prabu Nyakrakusuma, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panata Dinan. 3e. kalpa sru sêmune kênaka putung, Kangjêng Susuhunan Mangkurat kang sumare Têgalarum. | g. Kartasura: 1e. gunung kêndhêng sêmune kênya musoni, Kangjêng Susuhunan P.B. I. 2e. lung gadhung sêmune rara nglikasi, Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat. 3e. gajah mêta sêmune têngu lêlakèn, Kangjêng Susuhunan P.B. II. 4e. panji roro sêmune Pajang Mataram, Kangjêng Susuhunan P.B. III lan paron nagara. 5e. rara ngangsu rôndha roro nututi pijêr atukar, Pangeran Adipati Mangkunagara I, (Sambêrnyawa). | h. Surakarta: 1e. tan kobêr apêpaès mangun sinjang, Kangjêng Susuhunan [Susu...]

--- 128 ---

[...hunan] P.B. IV en V. 2e. kalabêndu sêmune Samarang lan Têmbayat, Pangeran Dipanagara ngraman. 3e. tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt, durung kalakon. 4e. gandrung-gandrung ing lêlurung andulu gêlung kêkêndhon, kêris parung tanpa karya êdolên tukokna ulêng-ulêng campur bawur, raharjane nagara Surakarta. | satêngahing kaol, pralambang lett. h. | 3e.I. tunjung putih, Kangjêng Susuhunan P.B. VI jumênênge saka santosane Kajêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kang sumare Ngimagiri, jarwa sutane ratu jinunjung patih, awit timure ingkang sinuhun, pinutra ing kangjêng radèn adipati mau. II. sêmune pudhak sinumpêt, Kangjêng Susuhunan P.B. VII en VIII amarga padha

--- 129 ---

ora pêputra kakung, dadi curês. 4e. gandrung-gandrung enz Kangjêng Susuhunan P.B. IX.

prayapati = bathara ... J.Z.R. 317-11.

pramadani, babut niet prangwadani p.l. 3.1.

prambanan bênêre = brahmanan van Sang Hyang Brahma, saka pangandikane Sang Prabu Siyêm, nalika angajawi nuju taun 1896 (R.D. no. 57).

prabu

kaprabon kadipatèn J.Z.I., 87-6 = kaprabon mantri enz.

pakênira (= tlapakanira Dr. Brandes = sampeyan dalêm).

kang muni ing layang Wiwaha blz. 38-3 v. o. enz clathune Parta marang Bagawan Padya, nganggo têmbung pakênira = paduka, utawa tuwan, cocog kaya panêmune Tuwan Dr. Brandes mau, kaya ta hèh robaya ngwang atanya, pakênira saking pundi, ing pinôngka pakênira§ Parta: ora bisa nganggo têmbung N ingatase marang Pandhita Padya.

--- 130 ---

kosokbaline: nganggo têmbung: manira = manêhnira, Dr. Brandes = kawula, kaya ta: nêhêr Sang Padya sumahur / hèh palihbaya (= robaya) ngwang iki / pandhita tanpa sasana / inggih kawula puniki / botên darbeni asrama, manira ... // | ing jaman saiki kanggone têmbung: manira pakênira, ora kaya ing dhuwur mau winalik dadi luhur marang asor. ewadene iya isih ana kang nêtêpake bênêring panêmune Tuwan Dr. Brandes mau, iya iku dhawuh dalêm ingkang sinuhun, kang mêtu saka abdi dalêm anggandhèk marang kangjêng radèn adipati, nganggo têmbung: manira, pakênira, mêngkene:

uluk-uluk. | radèn adipati timbalan dalêm. | inggih sandika. | Radèn Adipati Sasradiningrat. | kula. | pakênira tômpa dhawuh dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, [da...]

--- 131 ---

[...lêm,] lêm, pakênira kapatêdhan sêrat. | inggih, kônca gandhèk, kowe tak wangsuli. | kulanuwun, inggih sandika. | kônca gandhèk. | punapi. | mênira mangsuli dhawuh dalêm, dhawuhing timbalan dalêm mênira kapatêdhan sêrat, unjuk sêmbah mênira: nuwun sêndika. | ênggèh.

pukir zie ukir

pêkir mêskin

pêkir mêskin sarta saupamine (= sasaminipun K.T.133-10 v. o.)

Pakubuwana I en Kumpêni

punapa malih panyuwunipun kaki jendral, lulusa ênggènipun apawong sanak, sang nata kalihan tiyang Walandi, ing sapancoronging wulan, sagêbyaring surya

--- 132 ---

gèning pawong sanak sampun ngantos ewah. | kaping 29 Jumadilawal taun Jimawal, ôngka 1629 zie B.T.D.529-12 v. o.

pakarangan zie lêmah.

pedan zie watêk.

padakacêrma zie ôntakusuma.

pidak pandarakan

sanadyan wong pidak pandarakan, cebol pêlikan cêcèkèl longaning bale, loro sawudhon, têlu saurupan P.I, 8-5 v. o.

padal

kawula amit amadal pasihanira jêng kaka prabu, P.I,9-2. kalanturing pakêcapan, kula nyuwun lilah madal pasilan, karêpe: 0 mantuk.

pati

a. suduk sarira, mati karo gêgaman, | sudukjiwa P.I, 61-11 en Ks.165-1, | ngêndhat, mati nguntal wisa, niba ing jurang utawa anggêbyur [anggê...]

--- 133 ---

[...byur] ing kali | ngêndhat tali murda, mati gantung. | nganyut tuwuh (of pati en jiwa) nguntal ambêkan. | nglalu, mati ora mangan, lara ora têtômba, zie J.Z.II 243-14 v. o. | b. sanadyan ana wong tangi saka ing pati zie tangi. 1e. êmbane satriya mati, dibegal ing durjana, kang mati satriyane. 2e. êmbane satriya: mati dibegal ing durjana, kang mati êmbane. 3e. êmbane satriya mati, mati dibegal ing durjana mati karo pisan.

patih zie êmbun

putra en putri zie ajur ajèr

pasir awukir zie panjang

pusus

mususi zie sêga en bêras

--- 134 ---

pasisiran zie tungguk (e)

pulo

pulo alit-alit tiningalan kados sêkaring sagantên Ned verh 16

pala kasimpar

Kang aran pala kasimpar iku samubarang kang lumrah ingulurake kalawan wijine, ana ing patêgalan, utawa ing pakêbonan, wohe sumèlèh ing lêmah, kaya kang muni ing yayanglayang. J.Z.I. 74-7 v. o. kaya ta: krai, | timun, yèn tinandur ing pakêbonan: dilanjari, sêmôngka, | waluh, yèn tinandur ing pakêbonan: dilanjari, mung waluh bokor: ora, | bligo, rinambatake ing wit-witan. | kabèh iku lan sapêpadhane aran pala kasimpar.

pala kapêndhêm

Kang aran pala kapêndhêm iku samubarang kang lumrah kang tinandur [ti...]

--- 135 ---

[...nandur] ana ing patêgalan, utawa ing pakêbonan, kang pinurih wohe ngisor, kaya kang muni ing layang J.Z.I. 74-14 v. o. kaya ta:uwi, kacang cina, katela, kimpul, talês, walur, linjik, pohung, garut, gadhung, gêmbili, gêmbolo, bêsusu. Kabèh iku lan sapêpadhane aran pala kapêndhêm.

palasa zie warna

palawija zie kalawija

--- 136 ---

pulmak = wakil

saupami wontên tiyang adamêl pulmak, artose pulmak: wakil K.T. 85-2.

pala gumantung

Kang aran pala gumantung iku, wit-witan kang ora lawas umure, kaya kang muni ing layang J.Z.I,75 5 kaya ta: katès (ook katela gantung en gamblok), gêdhang, gêbang, wohe aran krandhing, mulane gêbang kêlêbu ing pala gumantung, awit yèn wis awoh sapisan banjur mati.

pupur

pupur sadurunge bênjut Kantj 166 (65)

papak zie kêrêp.

padha N. sami K.

punika sami kalih ... punika inggih sami kalih ... punika inggih sami kemawon kalih J.Z.II.

pudhak

--- 137 ---

yèn kowe kangên marang aku: yayi dèwi, aku ninggali tulisan salarik ana ing pudhak wangi J.Z.II, 246-1 v. o.

pêdhut

pêdhut kandêl anglimputi ngringkês lêpasing paningal G.L.

pêdhot

pêdhoting pangawula padha uga lan pêdhoting tali, sanadyan sinambunga: bundhêlane iya isih kêtara, Oem. J.II, 208-4.

pêdhang zie swara

podhang zie warna

puji

pamuji kula: muga-muga dika anêmua sakèhing kabêgjan, kayaa puji dika ing atase mênyang awak dika dhewe 1001 N.II, 166-4 v. o.

pajampuwa = sinêmbadaning pangèsthi Tjemp. 60-6.

pajangan zie tungguk Lett. f.

piyak

--- 138 ---

piyak ngarsa tangkêp wuri P.I. 10-1 v. o. | piyak ngarsa têmpuh wuri B.J. 99 p. 10

payasa = panganan saka suwarga J.Z.R. 324-1

pampang

mampang mumpung W.W. 2-9 v. o. en. Kantj. 14-1

pamugari

ingkang minôngka pamugarining prang Ki Dipati Jangrana B.T.D 534-11

pambaliye?

yèn saupami sampun langkung saking sêmadose: utawi sampun dumugi pambaliye kang sami anyêpêng kukum K.T. 83-4 v. o.

pagêr

salêbêting siti karaton J.Z.I. C.1-5 = o bètèng

pathi zie watêk

pêthi

pêthi dana, inggih punika pêthi wadhah arta: dananipun para [pa...]

--- 139 ---

[...ra] tiyang ingkang sami manjurung tambal sulaming masjid K.S. 332-9 v. o.

pang

dhèmês salêlewanipun, kados êpanging papêthetan kang taksih ênèm ing patamanan 1001 N II, 393-9.

ping

warêgan ping-ping Rm. 38-2 v. o. | kaping kalih tuwin kaping tiga dhatêng sakawan, saengga sadasa K.T. 12 (21) 5.

pangan zie sandhang

pinggir zie kalang

dhandham arya = wilujêng pinanggih ing sampeyan J.Z.R. 169-6 v. o.

dhandhang = dhangdhang

dhandhang tak unèkake kuntul P.I. 398-2 v. o.

dherekan zie tungguk Lett g.

dharat

--- 140 ---

nuntên mancal sampun silêm dharatan B.T.D. 249-7 v. o. = dharatan ora katon.

dhèkèri

malang kadhak dhèkèri kaya gupala Kantj. 16 p. 31 dhèk kala samana 1001 N. I. 562-6 v. o.

dhatu

kang muni ing layang J.Z.R. 34 (21) lan layang J.Z. de Holl 7 (10) kadhatone ratu Jawa iku kang ditelad kadhatone Bathara Endra, pratelane kaya ing ngisor iki: | kori ijo êlor, timbangane kori ijo kidul, saiki aran wiwara priya. | kori ijo kidul kang malêbu marang kaputrèn, saiki aran wiwara kênya. | kori rêntêng, saburine sitinggil, kaprênah ing undhak-undhakan kang dhuwur dhewe. | kori kamandhungan, antaraning kori brajanala lan sripanganti |

--- 141 ---

kori trêmboko, sakidul kori pacikêran | kori sarasêja, ora kêsêbut ing layang loro mau, kêsêbut ana ing layang J.Z.I. 247 2 en P.L. II, 11-3 v. o. iya iku kori brajanala kidul | kori srimanganti lor kidul | kori saleko, sakidule kori gadhungmlathi | kori supiturang, sawetan lan sakuloning pagêlaran | kori wijil pindho, prênah saêntèking undhak-undhakan dhuwur kang marang sitinggil | kori wijil pisan, saburine iring kiwa karo bangsal pangrawit | kori pacikêran, sakidule kori supiturang, sawetan lan sakuloning sitinggil | kori pamurakan, sakidule kori gladhag | kori pamêngkang, sakiwa têngêning pagêlaran |

--- 142 ---

kori mangu, saburining sitinggil, kaprênah undhak-undhakan ngisor dhewe | kori manguntur, kang malêbu marang kaputrèn, saiki aran kori kradènayon | kori gladhag, kori sapisan kang malêbu marang alun-alun | kori glèdhègan kulon, kang saka slompretan | kori glèdhègan wetan, kang saka bathangan | kori gapit, zie brajanala | kori gadhung mlathi, saburining pamagangan | kori brajanala, utawa kori gapit, kang nêpungake dalan kiwa têngêning sitinggil | karang kawidadarèn, saiki aran kaputrèn | dalêm prabayasa As. 240-2 prabayaksa 1001 N.II, 472-4 utawa prabasuyasa | sitinggil lor kidul. |

--- 143 ---

wringin kurung, kang wetan aran jayandaru, kang kulon dewandaru | wringin wok wetan, wringin jenggot kulon ... sangarêping pagêlaran | pêndhapa ijo, saiki aran sasana drawina: dhèk kadewatan ora ana | pêndhapa gêdhe, saiki aran sasana sewaka dhèk kadewatan iya ora ana. | pringgitan, saiki aran sasana parasdya dhèk kadewatan iya uga ora ana. | bale pawatangan, ing alun-alun êlor, saiki dadi paseban lan patunggukane abdi dalêm jaba. | bale marakata, iya iku srimanganti wetan kulon, dhèk kadewatan iku minôngka pêndhapane. | bangsal angun-angun, ing sitinggil, sawetane bangsal witana. |

--- 144 ---

bangsal witana, satêngahing sitinggil, saburine bangsal manguntur tangkil, ing têngah bênêr bangsal panggonane mariyêm Nyai Sêtomi, zie Sêtama Sêtomi. | bangsal pangrawit, têngahing pagêlaran iring wetan, pinarakan dalêm yèn nuju adu-adu lan ngrampog macan, sarta jumênêngan patih. | bangsal manguntur tangkil sangarêpe bangsal witana, pinarakan dalêm yèn nuju garêbêg. | bangsal balebang, ing sitinggil, sakulone bangsal witana, dadi sisihane bangsal angun-angun.

dhasarata

Wontên ratu pinunjul sarta kocap, keringan dhatêng mêngsahipun, mêngsah wau sami suyud sadaya, sang prabu unggul ing paprangan, sarta putus dhatêng sakathahing puja, pantês anama Dhasarata. J.Z.I. 318-2.

dhustha zie widhi.

--- 145 ---

dhèdhèt erawati wagyut, Hs. 50 p. 11.

dhèdhès

Kadarman iku upama dhèdhès, sanadyan dirawatana ing panggonan kang pêtêng iya ora suda wantahing ambune. Oem. J.

dhêm

pan angêdhêm silulup dhasaring warih. B.J. 163 p. 58. | ngêdhêma ana ing alas W.W. 55-5.

dhêgêl

ananging adhêgêle atiningsun, yèn kongsi ana cabarira. 1001 N. II. 483-2.

dhungklèh

griya wau mawi kasukanan dhungklèh utawi pancuran. K.T. 32 (62) 2.

dhangdhang = dhandhang

pindha dhangdhang rêraton zie warna | dhangdhang takunèkake kuntul, kuntul takunèkake dhangdhang, têgêse bakal diwadulake ala.

--- 146 ---

jênêng

lan sakancanira jêjênêng lawang sarayuda kabèh J.W. 2-10.

jôntra

Wong botên ngubêngake jôntra kêtêkan wong edan, J.Z.I, 131-5. | Lan saubênging jôntra wong bumi desa ing kono kabèh J.W. | Janma salêbêting kadhaton ing Mandraka sami anut laku jantraning manuk P.I. 153-8 | salakujantrane Zamsp. L.Th. Maijer 123-7 v. o. | milya laku jôntra katong T.A.

jaran

jaran rakitan kareta: kabiri J. W. 175-1.

jarit

Jarit putih kang wus diwêdêl gampang kênane diputih manèh, tinimbang ambêcikake ati ala. Oem. J.

jaruman

--- 147 ---

Kaping kalih: tiyang lampah makatên punika amêsthi kêdah mawi jaruman rumiyin, sarat ambucal yatra utawi rajabrana. B.T.D. 468-3, en A.P. 190-9.

jring = godhong jengkol

nitih rata jong bangun jring Hs. 153 p 6 en 207 p 6.

jati

kumrasak kaya udan narajang alas pajatèn zie swara, | kintèki = alas pajatèn P. II, 26-3.

jawa

Pulo Jawi punika kados pêthi pasimpênan rajabrana, pintên-pintên rajabrana ingkang kapêndhêm, kados ta: êmas, salaka lan sapanunggilanipun, kantun mêndhêti kemawon, nanging sorogipun wontên salêbêting manah Zamsp. L. Th.Maijer 102. | Tiyang Jawi punika kathah ingkang botên wilujêng manahipun B.T.D. 506-12 v. o. | Awit wong omah ing kajawan iku okèh mutawatire bab gêni, kècu utawa maling J.Z.I. 99-12. |

--- 148 ---

Radèn Bondhan Kajawan, têgêse: ibu Wandhan, kang rama Jawa.

jawata

jawata ing nawasanga. met ing B. J. 58 p 5.

jayadrata

Tataning gêlar punika, ing têngah panggenanipun Pandhita Druna, kapering panggenanipun Prabu Jayadrata, punika ingkang dipun rêksa J.Z.II, 247-11.

jaman

Araning jaman, kang muni ing layang Letter kunde de Hollander blz. 21-2 v. o. enz. kaya ing ngisor iki: | 1e. Jaman kukila, têgêse: manuk, dhèk samana wong isih kaya manuk. | 2e. Buda, ngango agama Buda, sarengate Bathara Guru. | 3e. Roga, utawa: budawaka, nganggo agama Buda, sarengate Bathara Endra, nagarane ing Mêndhangkamulan, (= Gilingwêsi). |

--- 149 ---

4e. Tirta, jaman banyu, pulo Jawa kêna ing banjir pêcah dadi sêtratsêlat. Sundha, pisah lan pulo Sumôntra, kang jumênêng ratu Radèn Makukuhan, jêjuluk Prabu Kanwa, nagarane ing Mêndhangkamulan, ingêlih aran, ing Purwacarita. | 5e. Rêbawa (= urang), sirnaning banjir ing pulo Jawa akèh sêndhang pancuran tuwin umbul, kang jumênêng nata Prabu Surata ing Wiratha. | 6e. Rêbawa (= Sêbawa of rame) kang jumênêng nata Prabu Basukèsthi ing Wiratha. | 7e. Purwa, purwane têdhak Brama jumênêng ratu, ajêjuluk Prabu Palasara ing Gajahoya, iya ing Astina. | 8e. Pôncakorala, pônca = lima, korala = Korawa, jamane Pandhawa lan Korawa. | 9e. Kêrta, nganggo agama Pakuwan, sarengate Bathara Wisnu nanging isih Buda, kang jumênêng nata Prabu Jayabaya ing Kadhiri. | 10e Dupara (= mokal), kaya ta Ratu Baka ing Prambanan, [Pra...]

--- 150 ---

[...mbanan,] sabên dina mangan uwong. | 11e. Madya, umure tanah Jawa lagi satêngah, kang jumênêng nata Ajisaka, ajêjuluk Prabu Widayaka, ing Mêndhangkamulan. | 12e. Têtêka, kang jumênêng nata Prabu Tejaningrat, ing Majapait kuna, ngadêgake sayêmbara putrine, akèh para raja têka. | 13e. Andêrpati Kalawisesa, andêrpati = matèkake raga, kalawisesa = wiwitan susah wêkasan bungah, iya iku jumênênge ratu Radèn Kudalaleyan, ing Pajajaran. | 14e. Srikaya rajapati dewaraja, srikaya = ratu jumênêng sajroning kasusahan, iya iku Radèn Sêsuruh, rajapati = ratu jinunjung dening ratu, iya iku Radèn Hayamwuruk, dewaraja = ratu binathara, iya iku Prabu Brawijaya wêkasan, ing Majapait. | 15e. Kalawisaya adiyati, kalawisaya = jumênêng

--- 151 ---

ratu ênggone ngrêbut, iya iku jumênênge Radèn Patah, adiyati = mranata, jumênênge Sunan Giri Parapèn, kêsêbut Ratu Tunggul, mung mranata agama. | 16e. Kalajôngga = ratu bodho, jumênênge Sultan Pajang, ora karsa nênêlukake. | 17e. Kalasêti = ratu prawira, jumênênge Panêmbahan Senapati Ngalaga ing Mataram. | 18e. Kalasêngara = kalibanjir utawa papa, dadi mulya, jumênênge sinuhun Mangkurat Sondhangrowang ing Kartasura. | 19e. Kuthila = kêthèk, jaman Surakarta, wong dhêmên rêrêbutan kaya kêthèk.

jimat

Bêgjanira kudu anêmu têtômba, olèh jimat paripih Kantj. 127 p 10.

jêmala

anjêmalani = mala 1001 N. II, 192-2

--- 152 ---

jambulwanên

Sira aja mulih-mulih yèn durung olèh, kongsia jambulwanên ... B.T.D. 327-7.

jagad têtêlu

Awit sakathahing dêdamêl ing jagad têtiga môngsa wontêna ingkang nêdhasi D.W.97-9 v. o.

jagang

aja jagang pamuji B.T.D.606-5 v. o. = abêbiting pandonga.

jibur

Aja jibur-jibur utawa êndêm-êndêman, aja madon utawa ... Indj. II, 335 (13)

jibung

Ing nalika punika kula dèrèng rumaos rêmên tiyang èstri, malah dèrèng nate ajêjibungan kalih tiyang èstri 1001 N. II. 117-5 v. o.

jangan

modar ora anjangani Kantj. 129 p 24.

--- 153 ---

têgêse: ora anjangani = ora gawe janganan, iya iku ora nylamêti ing patine wong kang sinokurake mau.

yèn: saupami

Yèn saupami wontên bawah Surakarta Adiningrat J.W.129-10 v. o.

yudhisthira

Para ratu kados amêksa dhatêng Prabu Yudhisthira, sami matur: enggal mêdala ing paprangan J.Z.II,72-4. v. o.

yogaswara (= a i)

Yogaswara iku araning wong lanang lan wong wadon kang akèh kl.oeoa. kanggo ing wong lanang kl.i kanggo ing wong wadon, sarta ana kang nelakake araning prênah kang akèh araning bojo, anak, utawa sadulur tuwin liyane iya ana, nanging mung sawatara bae kaya ta: arimba, arimbi (sadulur) anake aran arimbaya [arimba...]

--- 154 ---

[...ya] enz | apsara, apsari, | narèswara, narèswari, | rasêksa, rasêksi | ditya, dityi Kw | dasarata, dasarati (anak lanang) | dewa, dèwi, | diyu, dyani | saradênta, saradênti (kêkêmbaran) = ongkotbuta, angkatbuta (patih jaba jêro), D.W.70-12. | wirakta, wirakti ? P.S. | widadara, widadari | pisaca, pisaci A.P. 139-4 v. o. | janaka, janaki (anak) ? P. S. | mandyadara, mandyadari (anak)? P. S. | Maruta, maruti (anak)? P. S Lumrahe maruti, mung kanggo guru laguning têmbang. |

--- 155 ---

ing arane dhewe, kaya ta: Radèn Maratu,Maruta. dadi Maruti. | brahmana, brahmani (bojo) P. S. | brêmana, brêmani (padha putrane kakung dening Bathara Endra) de Holl 130. | bathara, bathari.

yogaswara en sastra

yogaswara lan yogasastra iku mêtu saka ing sutraye lan sutrawam, | i, e dadi: ya. u, o dadi: wa, kaya ta: (sutraye i-e met ya) | arimbi, arimbaya (anak) | sri, sraya | swati, swataya |

--- 156 ---

sapwani, sapwanaya | kamale, kamalaya - srikane, srikanaya ... nanging ing P.S | mawa o dadi: kamalo en srikano dadi sulaya karo pathokaning sutra ye, (sutra: wam oe o met wa) | kuru, kurawa | kesu, kesawa | sambu, sambawa | pandhu, pandhawa | guru, gurawa | kano, kanawa | dano, danawa | bano, banawa | bintaro, bintarawa.

mu = e

yapagemu A.P. 44-4

--- 157 ---

mau (ana ngarêp)

Mau aku iya ora wanuh marang wong iku Indj. II, 187 (33) | Wau kula sampun matur J.Z.I, 346-8. | Wau mila kula matur id 111-8 en 313-9. | Wau kang mêjahi K. T. 13-1. | ngupadosi jêram wau, wau kula sami nêdha tiyang kêkalih 1001 N. I, 468-3.

maosadi niet sandi H. S. 124 p 10. Zie sanditala.

mana

Dhuh papagên gusti pamuwus manis, kaya sabên mana B. J. 160 p 39.

manira zie pakênira

menaka tyas sabalane zie enak.

minakala (= ula) J.Z.II, 222-15.

manis jangan = kêningar P. L. I, 168-3.

mênur zie gadhung.

manuk

--- 158 ---

ungêling paksi ingkang mencok ing kajêng kanigara kados pangrêngênging kidungipun tiyang kasmaran J.Z. II.169-4 v.o.

mancingan, zie wanting en pancing

mandanganu A.P. II. 71-10 v.o.

mantri

Panganggoning mantri yèn ilang kamalingan ana ing paran rêgane kaanggêran, kêris 25 reyal, tumbak 15 reyal J.W. 76-1. (anggêr gêdhe)

manasuka

Samunasukane K.T. 65 (127)

mêndhung

Aja mêsthèkake mêndhung banjur dadi udan, awit angin bisa nyirnakake padha sanalika Oem J. III. 49-3 v.o.

mênjangan

Mênjangan ora tau kabotan anggawa sungunge. Luwih prayoga isih bocah kawêlêg ing piwulang,

--- 159 ---

awit piwulang iku bisa rumasuk dadi dhasar Zamsp L.Th. Maijer 60-6.

manyar

Manuk manyar utawa tampuwa, pinunjul sapêpadhaning manuk, mungguh panggawening susuhe. Susuh iku kadi gawe suwiraning godhong pring sarambut-rambut gêdhene, inganam rapêt apindha dumadining kodrat, sanadyan kêna ing banyu udan: ora rambas manjêro, lawangane mêtu saka ngisor, mawa singgêtan sabilik-bilik, yèn bêngi nganggo damar konang, konakonang. iku ditindhihi barang, supaya ora bisa mabur mêtu. Gèk kêpriye yèn manungsa kalaha akal lan tabêrine karo khewan cilik, apa ora kêduwung olèhe tumitah ana ing ngalam dunya Sing P.209-2.

manungsa

Manungsa iku sinungan budi lan istiyar, T.A. 9-1 v.o. zie khewan en malaekat

Manungsa nganggur zie banyu mambêg.

--- 160 ---

macan

sagalakaneya macan, môngsa kolu mangan marang anake dhewe B.T.D.473-8.v. o. | lir sima rêbat daging id 537-11.

marasônja

Wismanipun ginawea marasônja Kantj.54 p 46. | maradhayoh N o tamu K. maraseba o sowan enz.

margaina = kuwadonan

Aku iya bisa mêtokake ora lair têka ing margaina, bojomu bae konên ngilèni kupinge kang kiwa P.80-2 v. o.

mak

mara makyai: wêtokna gustimu P.I.284-11 v. o.

makukuhan

Prabu Makukuhan, kirim sêmbah marang Rêsi Andhongdhadhapan M.M.37-11.

mokal

--- 161 ---

barang kamokalan ingatase manungsa, iku ora kamokalan ing ngatase Allah Indj.II.166-27

mukhamad

Pangandikane Kangjêng Nabi Rasulullah: wong kang winèwèhan, malêsa wèwèh marang wong akèh K.T.203-1 v. o. kaping 18 Sapar taun 653 kèngsêre Kangjêng Nabi saka Mêkah marang Madinah, utawa taun 7320 etangane Prabu Iskandar 1001 N.II, 128-12.

ingkang garwa andika nabi: sanga, Katijah, dèwi ... = Juwariyah | Kapsah, dèwi ... = Kapsah | Kabibah umi ... = Romlah | Sodah, dèwi ... = Saodah | Salamah, umi ... = Indum | Supiyah, dèwi ... = Sawiyah | Jenap ... = Jenal | Memanah ... = Maemunah | Ngaisah ... = Ngaisah |Sebelum tanda ' = ' ada 'T.A. 199-14' dan setelah tanda ' = ' ada 'R.D. 1896 no. 52.'.

--- 162 ---

ingkang putra andika nabi: wolu, kakung: papat putri: papat | Ibrahim, Radèn ... (seda timur) | Rukiyah, Dèwi ... | Kasim, Radèn ... (seda timur) | Kaltum, umi ... | Tahir, Tayib. Radèn ... (padha seda timur) | Patimah, Dèwi ... (pambajêng) | Jenab, Siti ... zie T.A.192-4 v. o.

mud ?

pawèhe wong lanang marang wadone, yèn malarat, saêmud, yèn cukup, karotêngah êmud, yèn sugih: rong êmut K.T. 227-10.

made

kapundhuta sarajaduwèke, samade? omahe J.W. 13-5

--- 163 ---

madungdung

madungdung katawêngan (= kaalingan ing liyan) madudung Kw = liya, tawêng Kw = aling-aling, B.J. 96-p 6.

mitra

luwih ala duwe mitra bodho tinimbang duwe satru wicaksana Oem J.II, 214-10.

matakapèn

saking doh matakapèni Kantj 15p17. | matakapèn si kidang pandulunipun id 136p13.

matapitaya

Ki Jasupônta kang minôngka pitayanipun kangjêng sultan B.T.D.222-9.

matêng

kadospundi têrangipun ingkang sampeyan wastani têmbung sasambutan wau. | makatên: kados ta têmbung: matêng, punika lênggahipun ingkang lêrês wontên ing wowohan, utawi

--- 164 ---

olah-olahan, sarêng dipun êtrêpakên dhatêng sênès, punika nama sambutan, kados ta: tamparane ora matêng, tapane wis matêng, rêmbuge durung matêng J.Z.II, 68-17.

musa

Aturipun Musa, kawula punika sintên, yèn puruna dhatêng Raja Pirngon, K.S.88-9.

masrik en magrip = wetan en kulon T.A.31-1 v. o.

mustri

lintang mustri (= lintang panjêr sore of O esuk) | kartika mabangun of banguning kartika = lintang panjêr esuk.

masjid Dêmak zie Dêmak

malaekat, mung sinungan budi T.A. 10-1 zie manungsa en khewan.

Jabarail, Mikail, Israpil lan Ijrail id.8-4 |

--- 165 ---

malaekat = jawata zie guru

malah mandar = sêtya tuhu

kadonkados. botên anêmahi tiwas, malah mandar pinêca ... P.I.5-7 v. o.

melik anggendong lali P.W.236-9 v. o.

mulat mara Sang Arjuna enz. P.I.64-10.v. o.

mliwis

Aburing paksi mliwis agêgolongan, swaranipun kumrusuk kados prahara nêmpuh ing wana pajatèn Sing P.200-7 v. o. | Sakathahing pêksi mliwis mabur ulêng-ulêngan, krêbêting suwiwinipun kados layar katêmpuh ing angin id 198-8 v. o.

mêjao (= sumamar)

Maleisch djahoeh = adoh J.Z.II, 229-16.

mêjani = pisungsung

mêjanani = ngina Indj.II, 315 (4)

majamuju?

muni ing layang pasatoan G.O.T.van Dorp en Co.

--- 166 ---

Samarang 1887 62-2.

manyunyang

Dene sapa kang angucap: si mênyunyang, bakal kêna gênining naraka Indj.II,9 (23)

mimis

kasangsang ing mimis B.T.D. 641-6 v. o. | katulak dêrêsing mimis id r 2 v. o.

mumpangkara

anadene yèn ana wong amumpangkara ing pradata J.W.17 (18) 1

mimang

I: babo-babo, tur môngsa kowe kêndhita mimang kadanga dewa: ora P.I.68-7 v. o.

mega zie langit

mangarahi zie Walônda (b)

mangkunagara

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara I. J.Z I,299-4 v. o. dhèk samana durung nganggo: arya. |

--- 167 ---

Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara J.Z.I, 58-3 v. o.zonder gusti.

môngsa

peranganing môngsa kaya ing ngisor iki: | dhêstha, sadha, kasa, karo, katêlu, kapat ... môngsa katiga | kalima, kanêm, kapitu, kawolu, kasanga, kasêpuluh ... môngsa rêndhêng.

lakuning môngsa kaya ing ngisor iki:

--- 168 ---

kasa, karo, katêlu } môngsa têrang: ora ana udan

kapat, kalima, kanêm } môngsa labuh: wiwit ana udan

kapitu, kawolu, kasanga } môngsa rêndhêng: wis akèh udan

kasapuluh, dhêstha, sadha } môngsa marèng: udan ngarang-arangi

candraning môngsa kang muni ing layang J.Z.II, 283-6 kaya ing ngisor iki:

1e. kasa, sotya murca saka ing êmbanan, mangsane gêgodhongan padha gogrog, kêkayon padha pruthul. | 2e. karo, bantala rêngka, mangsane lêmah padha nêla |

--- 169 ---

3e. katêlu, suta manut ing bapa, mangsane lung-lungan padha nurut ing lanjaran. | 4e. kapat, waspa kumêmbêng jroning kalbu, mangsane sumbêr pêpêt. | 5e. kalima, pancuran êmas sumawur ing jagad, wiwit tibaning udan. | 6e. kanêm, rasa mulya kasucian, mangsane wowohan sumêdhêng. | 7e. kapitu, wisa kentir ing maruta, mangsane akèh lêlara. | 8e. kawolu, anjrah jroning kayun, mangsane kucing gandhik. | 9e. kasanga, wêdharing wacana mulya, mangsane gangsir ngênthir, garèng ngêrèng. | 10e. kasapuluh, gêdhong minêp jroning kalbu, mangsane kewan mêtêng. | 11e. dhêstha, sotya sinarawèdi, mangsane manuk padha ngêloloh |

--- 170 ---

12e. sadha, tirta sah saking sasana, môngsa bêdhidhing.

manglah Kw = mancah en nglarani

Sapuputing cariyos, Sang Pangeran amanglah manohara dhumatêng sang putri 1001 N.II, 533-11 v. o. | manglah anutuh driya Rm. 499-7.

ge

kagehan = kakèhan D.W. 39-8 v. o. | kagehan = age-age Rm. 315-8

gêni

Ing môngsa katiga wayah bêngi nuju pêtêngan, alang-alang aking saubênging gunung barêng kaobong: urubing gêni mratani, wayangane tumiba ing bèji, katon kaya sêgara gêni (of kaya urubing gêni naraka jahanam P.L.I.31-5 v. o.) | Lesane wong pitênah iku upama gêni bisa ngrusakake samubarang kang cêdhak Oem J.I, 51-3. General | Kangjêng Tuwan ingkang wicaksana Litnan Gurnandur Jendral

--- 171 ---

J.Br. 315-11 v. o. | kaya kumêndur angajawa D.W. 97-12 v. o. | Gusti: kawula ngaturakên tabenipun pun kaki gurnandur jendral, konjuk ing pajênêngan dalêm B.T.D. 330-8 v. o. | Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Johanês Pandhênbos kumêndur saking bintang agêng ing nagari Nedêrlan rider Litnan Jendral, Guprênur Jendral ing Nedêrlan ing Indhia J.Br.335-7 v. o.

gônda

Gandaning kawruhe kalairake dening aku ing saênggon-ênggon, Indj.II,371 (14)

gêndera

warna sarta araning gêndera ing Surakarta dhèk ing jaman kuna, muni ing layang J.Z.II, 288-3 kaya ing ngisor iki: | irêng ciri kêthèk putih nyêkêl panging kayu wringin, gênderane abdi dalêm wadana sèwu |

--- 172 ---

irêng ciri wadung, pêthèl lan tatah, gênderane abdi dalêm wadana kalang | irêng ciri buta cêngkah karo kêthèk putih, gênderane abdi dalêm wadana gladhag (ngarêp) | alas kobong K N. têngah abang pinggir irêng, tanpa ciri gênderane abdi dalêm wadana kaparak | kêmbang têlêng, têngah biru pinggir putih, tanpa ciri, gênderane abdi dalêm wadana bumi | tiga warna K N. abang putih lan biru, gêndera ing kapatihan | pareanom, ijo lan kuning ciri cakra, gênderane abdi dalêm prajurit jêro | gêniroga, K N. têngah irêng pinggir abang, tanpa ciri, gênderane abdi dalêm wadana gêdhong. | gula klapa, K.N. abang lan putih ciri cakra, gênderane abdi dalêm prajurit jaba | banguntulak, têngah putih pinggir irêng, tanpa ciri, gênderane abdi dalêm wadana gêdhe lan panumping.

--- 173 ---

gunting

suduk gunting tatu loro P.II,95-9 v. o.

gandhowara

bêbadhong gandhowara P.W. 210-4 v. o.

gandhènging têmbung

Gandhènging têmbung kang kanggo paclathone wong Jawa ing Surakarta, sanadyan durung paja-paja nyukupi marang saananing têmbung kabèh nanging wis lowung kêna ginawe lantaran marang panggawening ukara, awit wong gawe ukara yèn kuwalik êtraping pamasange marang gandhènging têmbung: iya ora apik, utawa kuciwa, kayadene para tuwan kang lagi sinau marang têmbung Jawa, têmbung: Sênèn Kêmis, padha bae karo Kêmis Sênèn, ingatase para tuwan mau iya ora kuciwa awit dudu têmbunge sarta lagi sinau, balik wong Jawa apa bisa duwe santolan lagi sinau. Mungguh kang wis tinêmu kaya ing ngisor iki:

anak putu |

--- 174 ---

anak bojo zie garwa putra | endhèk dhuwur | enthong irus | adas pulasari (clathuning dhukun: adas pulawaras) | esuk sore | hawa nêpsu | ala bêcik | adhêm panas | uyah asêm | uyah trasi | agal alus | eblis lanat | abang irêng | abang putih | abang biru, ngabang bironi J.Z.I,150-10 v. o. | nabi wali | cukêng rêngkêng |

--- 175 ---

cambah kêmangi | cabe cêngkèh | cabe lêmpuyang | cabuk rambak | canggah warèng | rina wêngi | ratu patih | rajabrana | rama ibu | Rêbo Sêtu | rôngga dêmang | kunir ênjêt | kunir asêm | kinang rokok | kênthang kimpul | krama ngoko | kaki nini |

--- 176 ---

kakang adhi | kidang mênjangan | kêtan kolak | kêtan srikaya | katiga rêndhêng | kasur guling | kasur bantal | kiwa têngên | kalah mênang | klasa bantal | kluwak kêmiri | kupat monjit | kupat gudhêg | kupat blendrang | kêmbang borèh | kêbo sapi | kobis buncis |

--- 177 ---

kêthuk kênong | doh cêdhak | dina pasaran | dandang kèncèng | dringo bêngle | duka cipta | dom bolah | tai uyuh | turuk pêli | tukar padu | tuwa anom | tulah sarik | tape êmpog | tapih kêmbên | tumbar trawas | tumbar jintên | tumbak kêris |

--- 178 ---

tumbak bêdhil | Sênèn Kêmis | sendhok porok | sandhang pangan | sêndhang pancuran | sunthi kêncur | sudra papa | slèdri kapri | salam laos | sêga urug | sêga iwak | sêga uyah | sêga sambêl | sêga jangan | soga tingi | sugih miskin | sabuk klambi |

--- 179 ---

wi: gêmbili | wadana kliwon | wedang panganan | wetan kulon | wiwitan lan wêkasan | lanang wadon | Lônda Cina | lintang rêmbulan | lor kidul | laki rabi | ladha pindhang | lumah kurêp | lombok terong | lêgi gurih | pèn mangsên | panas pêrih | panèwu mantri |

--- 180 ---

pondhong pikul | panjang piring | pucuk unêm | purwa duksina | purwa madya wusana | pête jengkol | putra wayah | putra putri | pasa mulud | pêlêm kuwèni | podhisari | pêdhês asin | padhang hawa | padhang pêtêng | dharatan lautan | jae sunthi | jaka prawan |

--- 181 ---

jaksa pangulu | jadah jênang | jambu jêruk | jambu suruh | jaba jêro | jungkat suri | mandhêg tumolih | mrica pala | marêm mêlik | murmak daging van mur, mak, en daging | mati urip | mas intên | mas picis | malam lancêng | mangan turu | mangan nginum | gantung siwur |

--- 182 ---

gêndhon rukon | gendhong mikul | ganthi mêsoyi | garwa putra zie anak bojo | gropak senthe | gotong royong | gula asêm | gula tèh | gula bubuk | gêdhe cilik | gêdhèn tomprang | gêdhang ayu suruh ayu K.N.P.I.72-11 | godhong kayu | gêmpol plèrèt | gambir jambe | gambir bako | gabug aos |

--- 183 ---

bau suku | bênce tuhu | bendha laos | bêras pari | brambang lêmpuyang | brambang bawang | budi hawa | bata watu | botor gêdhawung | bapa biyung | bêja cilaka Spr = bêgja cilaka | bumi langit | bèbèk pitik | bêbêd ikêt | bathik lurik | bongko pelas | ngisor dhuwur |

--- 184 ---

nguyuh ngising zie tai uyuh.

gunung

kang abang pindha gunung bongko zie warna | dhuwit pagunungan J.W.165-4 v. o. | wong pagunungan iku rosa tinimbang lan wong ngare Bloemlesing 107-2.v. o.

giri

kang busana rêkta pindha giri pawaka zie warna

guru

Bathara Guru kagungan karsa nimbangi kuwasaning Allah kaya ta: | bale ngaras kursi = bale marcukundha | swarga pirdos = swargaloka | yumani = kawah côndradimuka | naraka waelul = blêgdaba | wot siratal mustakim = wot si ogal-agil | malaekat = jawata M.M.12-10 v. o.

gurunadi

lah angkuhên tuwanggana gurunadi Rm 279-1 v. o. |

--- 185 ---

inggih kula rêngkuh gurunadi kula P.73-11. | gurunadi Kw. = guru batin of o linuwih | guru bakal lan guru dadi D.W. 157-7 v. o. zie pèni | gurnadur jendral zie Generaal.

girilusi

giri lusi janma tan kêna ingina P.I.200-9

guru lagu

Watêke wong Jawa yèn calathu utawa kêkidungan, apadene dêdolanan, ing sabisa-bisa nganggo guru lagu, sanadyan sajroning padu ora lali marang panganggone guru lagu mau, amarga saka lanyahe nganti ora sumurup yèn calathune mau nganggo pranata bêcik, kaya ta: dikêthok kaya lombok, dirajang kaya brambang sapanunggalane, wujude kang wis kanggo ing akèh ana sawatara kang wis tinêmu, tinunggalake karo pêthikan layang saloka paribasan mung kang nganggo guru lagu bae, kaya ing ngisor iki:

anèh:

--- 186 ---

anèh nyruwètèh karo wong akèh. bêbudèning wong kang ora muphakat diarani mêngkono | anak: anak molah bapa kêpradah J.Z.II.76 (2) | encok: cegrok verk v mencok mak cegrok | êncik: êncik gogik, pamada marang êncik | endah: ora salah endah = ora pati bêcik, nanging kêpilih | êntèk: êntèk amèk kurang golèk, wong padu kang nganggo nosot-nosotake ora uwis-uwis sarta solan-salin diarani mêngkono | êntut: êntut berut

--- 187 ---

Ngêntut ora patut, guyu ora payu. wong kang ora kabênêran saparipolahe. Diturut kaya êntut, wong duwe calathu molah-malih.| êndhèk: êndhèk èrèk dhuwur êncur. unine bocah golèk laron abur ing wayah esuk, pangarêp-arêpe cêndhèka aja kongsi ngungkuli dhuwuring kêncur. | anyar: anyar kênyar-kênyar = anyar bangêt | irit: sire ngirit-irit, dadi ngorot-orot. Kang cèplês ngibarate wong duwe gawe, wêtuning kabutuhane diarah sathithik-sathithik, wusana kalumpuke malah dadi akèh | irêng: [i...]

--- 188 ---

[...rêng:] irêng thunthêng = irêng bangêt. | ikêt: ping sèkêt buntêt, ngibarat wong sêmaya rambah-rambah: cidra | adi: adiguna, adigang, adigung J.Z.II,6 (32.33 en 34) | ati: ati bengkong olèh oncong id 158 (57) | atut: atut runtut, ngibarate saduluran rukun bangêt | itil: itil jêngil, iki calathu kasar sarta saru, wong kang wis olèh pangajaran ora gêlêm calathu mangkono. nanging ngeramake wong kang wis olèh pangajaran isih bisa calathu: turuk bawuk, pêli gêdhe, konthol landhung, yèn nuju ngudang marang anake. bokmênawa kagawa saka adate wong Jawa.

--- 189 ---

bocah cilik akèh kang wêwuda | utang: utang sêlang = utang silih | asu: a. asu abang kalung uwang bisa nunggang. ngibarate wong palanyahan, sanadyan dikarêpake marang wong sabarangan, anggêre dibayar iya gêlêm. b. rindhik asu digitik, têgêse rikate ngungkuli asu digitik. c. galak kaya asu manak, ngibarating wong wadon lantap, diupamakake mêngkono. | esuk: sakesuk jêpluk, têgêse nganti êntèk esuke, utawa wis awan | uwur: ora uwur ora sêmbur. ngibarat wong tuwa kang ora tau wèwèh lan ora tau pitutur bêcik |

--- 190 ---

awak: awak pèndhèk budi ciblèk J.Z.II,162 (67). Awak èwèk abot awake dhèwèk, têgêse luwih pêrlu nyukup awake dhewe dhisik, tinimbang ginawe nyukup marang liyan | owuk: owuk owi owuk owa, omah cilik pagêr bata, ronce-ronce kêmbang pace, jothakaku bocah kae. unining bocah jothakan padha bocah | iwat: kewat dhradhat = bangêt kewat | owêl: owal-awil owêl J.Z.II,162 (70) | ala: ala kêtara bêcik kêtitik, wis têmbung jarwa | ila:

--- 191 ---

ila-ila ujare wong tuwa id 6 (31) | ilu: ilu-ilu kapilayu of kapiluyu id 84 (37 en 36) | ula: ula-ula dawa id 7 (38). Dwa kaya ula, ngibarat wong caturan kang ora ana pêdhote | ulat: ulat madhêp ati arêp id 84 (38) | opor: opor-opor bèbèk mêntas saka awake dhèwèk id 7 (43) | apik: apik kêmripik nancang kirik id 164 (74) | èpèk-èpèk: golèk karo èpèk-èpèk id 135 (372) | apês: [a...]

--- 192 ---

[...pês:] apês balêpês = apês bangêt | idhêp: kèdhêp lêrêp, ngibarat wong bêbojoan kang lanang wêdi marang kang wadon | iji: ijèn kêjèn-kêjèn = tanpa rewang pisan-pisan | ijo: ijo royo-royo. ijoning godhong zie blz.94 | ajur: ajur kumur-kumur of ajur mumur = ajur bangêt. Bisa manjing ajur ajèr zie blz.1-7 | ujur: kojur kêlantur-lantur kêcêgur sumur. wis têmbung jarwa | èjèt: enak èjèt nêmu rôndha nuntun pêdhèt, uran-urane [u...]

--- 193 ---

[...ran-urane] wong desa. | ajêg: sajêg jumlêg = salawas-lawase | uyah: digêbyah kaya uyah, ngibarat nyuwiyah marang wong dipadhakake kaya wong sabarangan | ayêm: ayêm guyêm pitik walik jaga malêm, ngibarat wong kang sarwa kapenak | eman: eman-eman ora kêduman, ngibarat wong ngêmi-êmi barang wusana ilang | ompong: ompong geyong, madani wong ompong | iga: ora iga ora kunca J.Z.II,153 (30) | abang: [a...]

--- 194 ---

[...bang:] abang branang = abang bangêt zie blz 94. | ubêng: mubêng gayêng. Ngibarat wong kang ora tau nêtêpi ubayane | nagara: nagara mawa tata desa mawa cara J.Z.II,14 (85) | cohung: cohung ora gombak ora kuncung lakune kaya tumênggung, ora jogan ora longan anggêpe kaya pangeran | cina: cina lêlebang buntute, madani marang cina olèhe nganggo kucir songa abang | cundhuk: durung cundhuk acandhak J.Z.II,191 (227) | coci coblang: coci coblang sêga liwêt jangan terong, dolanan [dola...]

--- 195 ---

[...nan] | cece moce, cocomeyo, cece buce: panacad marang wujud ala | ciri: ciri wanci lêlai ginawa mati J.Z.II,97 (96) | coro: awak kêtiban coro wis ala ora kanggo. panutuh marang awake dhewe gone tansah ora kêbênêran. | curut: kacurat-kacurut id 180 (164) | criwis: criwis-cawis J.Z.II, 16 (95) kang cèplês manèh ngibarate bêkêl desa dipundhuti dhuwit marang lurahe patuh nagara, yèn kêna: pinadonan aja kongsi bayar, yèn ora: wis dicawisi. |

--- 196 ---

ceko: ceko brangkêlo, watêk | cekoh regoh J.Z.II, 16 (96) | cêkèk krèwèk = wong lara teering iya krèwèk. | cêkuthu: Cêkuthu-cêkuthu pakanamu tai basu, aku dhewe sarang madu. | cukêng wrêngkêng J.Z.II 174 (128) | catur: ana catur mungkur ana bapang sumimpang id 3 (7) en 4 (17). katêlah ing basa dadi ana bathang sumimpang. | calarat: êmbat-êmbat calarat id 86 (46) | calak: calak cêmplak. Ngibarat wong usul calathu ing pajagongan ora kabênêran, dadi malah gawe kêmbane [kê...]

--- 197 ---

[...mbane] wong cêcaturan. calak cangkol kêndhali bol camêthi tai id 99 (101) | cilik: wong cilik ongkak-angkik, pangane sathithik, gawene iklik, ora lali digitik. Ngibarat bedane wong gêdhe lan wong cilik. | cilik mênthik = cilik bangêt | calulu: nyalulu nêrwèlu J.Z.II, 128 (318) | cèlèng gotèng: ngarani alaning wong luwih saka cèlèng, awit cèlèng gotèng iku asor tinimbang lan cèlèng liya-liyane, wulune abang tur cilik. | capêng krênêng, mênawa: krênêng, saka rusakaning têmbung karênêng-rênêng. têgêse: capêng, ngêncêngake otot. | cêmpa: a. cêmpa-cêmpa ngundanga barat dawa tak kirin dowa besuk [be...]

--- 198 ---

[...suk] pasa: ya cêmpa. Cêmpe-cêmpe ngundanga barat gêdhe tak kirim tape besuk wage: ya cêmpe. Iki unining bocah ngundang angin yèn nuju ngundha layangan. b. cêmparowa. Pakanamu dara: rowa, cupu bêndhe, dhe, dhe, rowa rawe, we, we, bong kêcebong, jarane: jaran bopong, sing nunggang dhunuk dhuplong, jèg enong: èjèg egung. Iki dolanan sindhènaning bocah. | cêmpe zie cêmpa Lett a | cumpli: Cumpli duduh sapi enak lêgi sapa kari dadi. Dolanane bocah desa. | cêg: Cêgêmêg. Nyênyêkêl banjur ditêkêm ora dicul-culake. | cebol: [c...]

--- 199 ---

[...ebol:] Cebol dhrondhol. Wadananing wong cèndhèk diupamakake luwih cèndhèk saka wong cebol. | cingkluk: Cingkluk naruthuk = ngêmis mrana-mrana | racak: a racak mêndhak kêrmi mati. Japane dhukun nyêkoki bayi, cêkoke nganggo ditutulake ing tungkaking bayi kiwa têngên, banjur êmbun-êmbunan, iku lagi dijamokake. b anggalak racak J.Z. II. 91 (69) | riti verk v. mari-mari yèn wis mati | rèwèl: rèwèl gotèl = rèwèl bangêt | rujak zie sêntul |

--- 200 ---

reyong-reyong wong gendhong lakune dhoyong, reyong-reyong balung lumbu jare lompong: sênggakan uran-urane wong Samarangan | rampèk zie kêthèk | kênès: kênès ora èthès J.Z.II, 179 (157). kênès mèndès = kênès bangêt | kuning: kuning nêmu giring = kuninge kaya têmu giring. kuning jêkining of mêncêning = kuning rêsik | kuncung: kuncung kongsi gêlung. Ngibarat kasèping panganti wiwit bocah nganti tuwa | kandhut: dikandhut mrucut, digembol mrojol, dolananing [do...]

--- 201 ---

[...lananing] bocah. | kêndhêla: kêndhêla ewa-ewa bêrkutut kalingan mega kothèkana gêndhongana kêndhêla padha sarea, cece bonce cece bonce pencokamu kayu pace, cok-cok bencok cok-cok bencok pencokamu kayu lombok. Iki unine bocah golèk kêndhêla mung sarana diêncubake, ngêntèni ibêre yèn wis mencok sarta winatara yèn wis turu. | kênthus: kêmênthus ora pêcus J.Z.II, 108 (156) | kècèk: kècèk gêcrèk id 104 (124) | kucing: kucing gêring kisat-kisut, gugur tambur ... uran-uran araning kêrtu |

--- 202 ---

kera: kera kèdêr nubruk kutuk, kliru wadêr. dolanan bocah | kere: kere munggah bale J.Z.II, 20 (122) | kirik: tuman kaya kirik dipakani kêtan Ngibarat wong jêjaluk kêrêp diwèhi. | kêras en kêris: ora kêras, nanging kêris, ora kêris, nanging kêras. Wis têmbung jarwa. | krupuk: ambêngkuk krupuk, ngibarat wong ngadêgi gawe mangan sêsuguh. | krambil: krambil kocak pring pêndhak. Iki wêwaton tômpa-tinampaning pomahan utawa desa, wong kang nampakake [na...]

--- 203 ---

[...mpakake] ngundhuh krambil kang kocak sarta nêgor pring kang pêndhak, padhane tampan-tinampan bumi kudu môngsa irêngan. | kurung: kurung munggah nglumbung J.Z.II, 104 (129) | kikir: kikar-kikir J.Z.II, 182 (173) | kokok: kakehan kokok kikik id- (174) | kokot: kokot bolot. Ngibarat wong kang arang adus rêgêding awake kongsi mêngkono. | kedah: sakedah-sakerah J.Z.II, 201 (277) | kadang: kadang konang zie blz 44 en id 105 (133) | kutuk: [k...]

--- 204 ---

[...utuk:] kutuk marani sunduk J.Z.II, 106 (136) | kawuk: suduk kawuk. Ngibarat nalar bali tumiba marang awake dhewe. | kuwuk: ora dhêngêr kuwuk watuk. Ngibarat wong ora mêrduli marang pitakoning liyan. | kèwèk: kèwèk, mlêkèk, calathuning wong wadon nyuwiyah marang bocah wadon kang kawisesa. | klinthing: kaya klinthing disampar kucing. Ngibarat calathune wong juwèh nganti kaya mêngkono. | kêpara kêpere zie blz 122-9 v. o. en zie para | kêpruk: dikêpruk esuk, dibuwang sore. Sosoting wong wadon padu, lawanane diupamakake

--- 205 ---

mêngkono. | kapok: kapoka wus dijibus wong ora urus J.Z.II, 108 (148) | kêplok: kêplok ora tombok id 2[...] (148) | kêdhuk: ngêdhuk angênuk id 63 (423) | kêdhèp: kêmêdhèp kasèp id 25 (159) | kathok: mengkak-mengkok ora wurung ngumbah popok id 53 (349) | kêthak: kêmêthak angalathak id 109 (158). kêmêthak tan kacagak id 187 (201) | kêthuk: [k...]

--- 206 ---

[...êthuk:] ngantuk nêmu kêthuk id 138 (402) | kêthèk: ngrampèk kêthèk id 18 (106) | kothok: si kothok gorok. unining wong kang wus ora sudi ngarani jênênge gêgêthingane, kêpêksa ngarani, dadi disalimpangake mêngkono. | kothong: kothong blong. kothonging wadhah diupamakake nganti bolong. | dahwèn: dahwèn pati opèn J.Z.II, 27 (171) | dora: dora sêmbada. Ngibarat wong clathu goroh ora nganggo rêringa. | drêman: drêman golèk momongan J.Z.II, 111 (174) |

--- 207 ---

drêmba: drêmba moha = drêmba bangêt. | dumuk zie nyari. | dimpe: ora nyana ora dimpe kêdhêle dadi kêtempe. Ngibarat wong kêtambahan marang akrabe, kinira wong liya bae. | tai: dibêciki malês ambalang tai zie blz 60-6 en J.Z.II, 113 (192) | tani: tani mlêni = tani yutun of tani bêntil | tindak: satindak sapêcak J.Z.II, 118 (225) | tanjir: ditanjir nganti kiwir-kiwir. Sosoting wong wadon padu karo wong lanang, diupamakake dêdosan [dêdo...]

--- 208 ---

[...san] kang kapatrapan paukuman pati dikêthok gulune êndhase banjur ditanjir. | turuk zie bumi: | titi: titi mantri J.Z.II, 194 (244) | tutu: ditutu ngalu. Sosote wong wadon, lawanane diupamakake mêngkono. | titik: titik mêlik J.Z.II, 194 (243) | têlu: têlu sèlu = mung têlu iku ora luwih manèh. | tlêning: tlênong tlêning J.Z.II, 194 (245) | têlèk: Udan têlèk ana omahe dhèwèk, udan gêmblong ana omahing uwong. Ngibarat ana

--- 209 ---

ngomah luwih krasan tinimbang ana ing para dhayohan, sanadyan omahe ala. | tulung: têlungtulung. mênthung J.Z.II, 78 (11) | tuman zie kirik | têmbung: ora têmbung ora lawung J.Z.II, 78 (11) | tobat: tobat malarat. Ngibarat wong nyambut gawe kêrêp kêjêblos, wêkasan bisa sêmpulur banjur bangêt pangati-atine. | tèng: tak tuturi ping sêtèng gowèng. têgêse: dituturi rambah-rambah ora digugu. | tangèh: tangèh mèngèh-mèngèh = isih lawas bangêt | sah: [s...]

--- 210 ---

[...ah:] sah sunah = wis ora kêkarèn sathithik-thithika. | sanak: dudu sanak dudu kadang yèn mati milu kelangan J.Z.II, 192 (232). tuna satak bathi sanak = tuna barang bathi kadang zie blz 60-9 | sundêl: sundêl bêdhêl, sosoting wong wadon padha wadon, sing disosotake diupamakake olèhe dijamah ing uwong nganti mêngkono. | santri: santri buki. Ngibarat kêna kalaning bocah padha bocah diupamakake santri wis kaki-kaki, môngka santri bocah utawa jaka bae wis bisa golèk pokil. | sandhang: sandhang rowang J.Z.II, 196 (259) |

--- 211 ---

sore zie esuk | srih: srih gurih, sir anyir. dongane wong Jawa dudu kaum, yèn nyêmbêlèh pitik | srewil: srewil gotil = itungan 7. 8. | suka: suka nêmu duka = bungah nêmu susah zie bungah | sèkêt zie ikêt | suduk zie kawuk | sêntul: rujak sêntul dika ngalor kula ngidul. Ngibarat sulayaning catur kang wis ora bisa têmu-tinêmu. | setan: setan ora doyan dhêmit ora dulit, ngibarat bocah kang kalis ing lêlara. setan roban = madhakake wong kaya setan [se...]

--- 212 ---

[...tan] kang luwih ala saka setan liyane. | satru: nglêlêmu satru J.Z.II, 140 (418). ngingu satru nglêlêmu mungsuh id 244 (568). satru-satru mundhuk-mundhuk nyang ngomahku. mêthik godhongku jambu ditakoni ora ngaku, ngaku-ngaku karo mlayu: ya satru. | sitok: sitok gêlok-gêlok. mung siji ora ana tunggale manèh | sêtèng zie tèng | sisik: sisik, cihna J.Z.II. 204 (297) | sawan: sawan tuman. Ngibarat kalakuan ala sanadyan wis anglakoni panggawe bêcik, iya isih gêlêm anglakoni panggawe ala manèh. |

--- 213 ---

suwung: suwung gêmplung. Ora ana uwong kêmriwêd. suwung blung. ing omah ora ana wonge saiji-ijia. | slekom: slekam-slekom J.Z.II, 36 (229) | slamêt: sluman-slumun slamêt id 204 (301) | salang: salang tunjang. Wong lumaku kêsusu tanpa wiweka nganti numbuk-numbuk. | sidhêkah: sidhêkah ora olah olah. Unining wong dikêmplang potange. | sidhêm pramanêm zie blz 85-2 en 101-4 en J.Z.II, 205 (309) | sêmpal: [s...]

--- 214 ---

[...êmpal:] nyêmpal sambi mancal id 128 (319) | sêmbrana: sêmbrana parikêna, unining wong kang duwe pangarah sinamun ing gêguyon. | sugih: sugih singgih. wong kadonyan sarta kaluhuran. | saban: saban seban J.Z.II, 207 (326) | sêblak: sêblak langak-langak, lakune wong wadon nganggo slendhang ginawe lembehan sarta andhangak | waras: waras-wiris, ora lara. waras blas, wis ora lara | wirang: wirang bêbarang, J.Z.II, 120 (241) | wastra: [w...]

--- 215 ---

[...astra:] wastra bêdhah kayu pokah id 39 (246) | wêlas: wêlas tanpa alis, bênêre: wêlas wêkasan lalis id (249) | wadhuk: wadhuk bêruk | wêdhung: kaduwung nguntal wêdhung id 183 (176) | wong: wong pintêr kêblingêr, wong busuk kêtêkuk id 39 (251 en 252). wong mati ora kêsasaban bumi id 121 (250) | loh jinawi zie panjang apunjung | lincak zie gagak | londho: londho-londho walangsangit gendhong kêbo J.Z.II, 212 (354) |

--- 216 ---

lacak: kêlacak kêpacak, ngibarat durjana kêtitik lakune banjur kêcêkêl kanggonan cihna. | lere: lere-lere gêlisa kaya le gawe, dongane dhukun bayi yèn tulung marang wong wadon anglarani arêp duwe anak. | loro: loro selo = mung loro wis ora ana tunggale manèh. | lurung: sadawanane lurung isih dawa gurung = o cangkêm J.Z.II, 35 (223) | ladak: ladak ora kêcagak J.Z.II, 213 (358). ladak kêcêngklak id (360) | lidok: [l...]

--- 217 ---

[...idok:] lidok ujare wong dhaplok zie blz 106-4 | lot: lot-lotan lowe nyambêr buntute dhewe, bênêre lut-lutan o id 40 (255) | lawas: lawas luwas, ngibarat wong bêbojoan kang ora cocog bêbudène, saya suwe saya ora mathuk, wusana dadi pêgat. | lele monthe, dolanan | ledhang: lêledhang nêmu pêdhang J.Z.II, 123 (269) | lambe: lambe satumang kari samêrang id 40 (258) | lombok: dikêthok kaya lombok, sosote wong wadon padu, lêlawanane diupamakake mêngkono. |

--- 218 ---

lumbung: usung-usung lumbung J.Z.II, 161 (66) | lêgon: lêgon limar (= gagang kelor) luput katiwar id 213 (363) | lêbur: lêbur tumpur = rusak bangêt. | lênguk-lênguk nêmu kêthuk = ngantuk nêmu kêthuk zie kêthuk | pon: ora wêruh pon kliwon = ora wêruh apa-apa | pincang: pincang lancang. Wus kalêbu kodrate mangkono. | pintêr kêblingêr, busuk kêtêkuk zie wong. | panjang apunjung, pasir awukir, loh jinawi, gêmah aripah, karta raharja zie blz 121-5. |

--- 219 ---

picak: picêk nrêthêk, uni nyuwiyah marang wong picak. | pêcut: pêcut larut zie blz 122-1 | para: kêpara kêpere J.Z.II, 186 (196) | prawan: bonggan prawan turu dagan. | pring zie krambil | pidak pandarakan zie blz.132-7. | pêt klampêt = ora katon-katon. | putih: putih blêjih (cêblèh) | pasar: sapasar bubar. Paribasaning pangantèn durung lawas pêgatan. | pasir awukir zie panjang apunjung |

--- 220 ---

mampang: mampang-mumpung J.Z.II, 132 (352) | pathak zie lawal. | dhok iyik: dhok iyik-dhok iyik, bokmu lunga bathik, diadhang Lônda cilik, (ora sinyo) le nangis ngêrak-ngêrik, unine bocah golèk dhok iyik supaya tutut kênaa diêncup | dhukut: dhukut kruwut J.Z.II, 126 (295) | dhewe: dhewe êmple. ijèn ora ana rewange manèh-manèh. | dhodhok: êndhodhok kêmroyok, ngadêg gêmrêjêg, ngibarat larise wong dodolan. | dhayung: [d...]

--- 221 ---

[...hayung:] dhayung olèh kêdhung J.Z. II, 42 (274) | jail: jail mêthakil, andhugal ora ana nêng-nênge. | jantur: jantur-jantur mungsuhmu gêdhe dhuwur, cakotên nganti ajur. Unining bocah anjantur jangkrike arêp diadu. | jinjang: jinjang api goyang J.Z.II, 127 (309) | jarak: tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati id 115 (206) | juris (= kêthèk): juris baris id 220 (397) | jawil: dijawil sêmrinthil, ngibarate wong wadon ala. | jalma: [j...]

--- 222 ---

[...alma:] jalma mati murka J.Z. II, 43 (281) | judhêg: judhêg ngurêk-urêk = pêng-pêngan. | jujul: jujul wuwul J.Z.II, 4 (14) | jaman: ora jaman, ora makan = ngulandara, makan = panggonan J.Z.II, 5 (25) | jêminul: jêminul kaya kênul id 43 (283) | jamur: arêp jamure êmoh watange id 5. (24) | jêmèk: jêmèk, mlètrèk = lunyu. | jothak: jothak alu apak alu bengkong dhêrondhong silite bolong. Unine bocah jothakan [jothaka...]

--- 223 ---

[...n] padha bocah. | jêngkang: kajêngkang kêrangkang-rangkang kêcêgur jurang = kojur. | yatna: yatna yuwana lena kêna J.Z.II, 127 (310) | yuwana: yuwana mati lena id 128 (313) | yoga: yoga angôngga yogi id-(314) | mantu: Aile apèk mantu buthak silite. | mata: mata mlorok ora dêdêlok, wis têmbung jarwa. | musibat: maju kêna sibat (verk v musibat) mundur kêna lanat (= laknat) têgêse: maju mundur, cilaka. |

--- 224 ---

miling: miling-miling karo nyandhing. Ngibarat wong bêbojoan, kang wadon arêp dipêgat, nanging ora diwêdharake, sajrone ngêkêr wadi: golèk bakal gêgêntine. miling-miling golèk tandhing lêncir kuning, wis têmbung jarwa. | mubru: mubra-mubru balabur madu J.Z.II, 132 (356) | gèndèng: gèndèng cènèng = tulung-tinulung. | gêndhon: gêndhon rukon J.Z.II, 130 (363) | gêndhak: gêndhak kalung kothak = bosênan. | gêcot: yèn ana gêcot mrocote (= mirudane) aku kaduga kêtêmpuh. |

--- 225 ---

gêcul: gêcul ngumpul, bandhol ngrompol J.Z.II, 54 (355) | gêrèh: ngèthèh-èthèh kaya gêrèh dipilèh. Wong wadon dhêmên têturon ana ngarêping wong lanang. | grubyug: milu ing grubyug, ora wêruh ing rêmbug J.Z.II, 120 (240) | garèng ngèrèng zie blz 169. | gêring: gêring kêmlingking. Ngibarate wong lara cêkèk. gêring dilut ngising J.Z.II, 54 (356) | garèngpung: garèngpung garèngpung, le adang durung rampung, dandange dandang botol, sing ngêdhug megal-megol, dhayohe ting jêronggol. Unining bocah dolanan [do...]

--- 226 ---

[...lanan] yèn ana garèng muni nuju ing môngsa sapuluh. | gêtih: ana gêtèh lèrèh-lèrèh. Gêtihing durjana: kêtaton utawa gêtihing khewan kang ginawe ing durjana: dibêlah, tinêmuning gêtih dadi cihna sarta ingaran mêngkono. | gêtun: gêtun ngungun. | gotong royong = gotong royom H.S = tulung-tinulung. | gliyak: gliyak-gliyak anggêre tumindak J.Z.II, 135 (374) | glogok sok: ngibarat wong ora bisa simpên wêwadi, sabên kêkandhan, wadi iku banjur diwêdharake kabèh. | gêdhe: [g...]

--- 227 ---

[...êdhe:] gêdhe dhuwur ora pangur J.Z.II, 135 (376) | gêdhana gêdhini id 234 (485) | gêdhong: digêdhongana dikuncènana id 113 (191). | godhong: godhong gêdhong digo adang, godhong têbu digo suru. Dolanan bocah. | gajah: gajah ngidak rapah J.Z.II, 56 (365) | guyu zie êntut | gêmah aripah zie panjang apunjung. | gêmbrang: gumêmbrang ora adang J.Z.II, 235 (491). | gêmblong zie têlèk | gugon tuhon J.Z.II, 56 (366). | gagak: gagak picak, wulung bingung, gagak iku luwih ing

--- 228 ---

pangawasane: diarani picak, wulung iku luwih ing kajuligane: diarani bingung, iku ngibarate wong pintêr ala atine. lincak gagak J.Z.II, 121 (253). | gabuk dhrudhug, ngunèni mênyang wadon ora duwe anak. | gangsir ngênthir zie blz 169. | gêthing muring-muring J.Z.II, 56 (369). | bênêr: bênêr tai lalêr enak pênêr. Ngibarat ambalusukake nalaring wong luput: diiyani. | boncis: diiris kaya boncis, sosote wong wadon, lêlawanane padu diupamakake mêngkono. | bèncèng cèwèng J.Z.II, 136 (380) | bandhol zie gêcul. |

--- 229 ---

banthèng: banthèng lorèng iwak lêndhi saba kali, sindhenane wong ambarang. nyundhang bathang banthèng J.Z.II, 128 (315). | bara: bara tan bara = baya ora pisan id 50 (374). | biru: biru kêcu = biru kaworan irêng, rupane kulu-kulu (ala). | bruk: bruk pathuthuk, masrahake barang sarta wujude. | brèk: brèk pakèthèk, brèk: suwèking jarit, rêkètèk: swaraning jarit. | burik: burik cêkrik, madani marang wong burik. kêcelik bojone burik, kliru panyanane

--- 230 ---

digarap mangkono. | brambang: dirajang kaya brambang. Sosote wong wadon lêlawanane padu diupamakake mêngkono. | brêbês mêlês = brêbês mili. | bot repot: ngibarat kasusahaning wong omah-omah diupamakake mêngkono. | busuk: busuk kêtêkuk zie pintêr kêblingêr. busuk ora mangan wuruk = wis têmbung jarwa. busuk thêkluk = bodho bangêt. | bosok koklok = lonyoh. | busung mlêmbung. Wis têmbung jarwa. | bol: bol meyol (= baga) kacêp konthol (= anjinging purus). |

--- 231 ---

bêlo: disondo bêlo, sosote wong wadon padha wadon, lawanane padu diupamakake dijamah ing bêlo. | blarak: dilarak kaya blarak, sosote wong wadon marang lêlawanane padu diupamakake wis mati banjur dimêngkonokake. | blilu: blilu tau pintêr ora nglakoni, ngibarate wong kang wis tau nglakoni pagaweyan, tinimbang lan wong kang durung tau, sanadyan pintêra iya mêksa isih kalah karo kang bodho. | blolok: kêtonjok ing blolok J.Z.II, 20 (126). | blêg: blêgsêg, têgêse: niba banjur turu. |

--- 232 ---

blêg gêduwêg, têgêse: niba banjur cumbana. | bolong nronthong, madani wong bolong, bolonge katon. | bapa: bapa kasulah anak kapolah J.Z.II, 136 (389). | bapang: ana bapang sumimpang, katêlah ana bathang sumimpang id 4 (17). | bêdhug: bêdhug dhrandhang of bêdhug dhêng, têgêse bêdhug lagi muni. | budhêg dhrêdhêg, uni kasar kalêbu ing pêpisuh, wong suda pangrungu diarani luwih saka wong budhêg. | bumi: sanyari bumi sadumuk turuk, banjur dialusake: sadumuk bathuk, ngibarat ajining bumi sanadyan ambane mung sanyari, sarta ajining turuk, sanadyan mung didumuk, [di...]

--- 233 ---

[...dumuk,]

ngungkuli kang akèh-akèh. | bêgja: kabêgjan, kabrayan J.Z.II, 109 (167). | bagus: bagus alus (lêmbut atine). bagus tulus (rahayu atine). bagus lurus (bêcik pawakane). | bathok: bathok bolu isi madu (wong asor duwe kapintêran) J.Z.II, 58 (387). | buthak nrathak, madani wong buthak. | bungah nêmu susah zie suka. | thêruk-thêruk kêklumpuk J.Z.II, 137 (393). | thêksêk, ngibarat wong anggêgêbuk mati sanalika. | thênguk-thênguk nêmu kêthuk = ngantuk nêmu kêthuk zie kêthuk.

gada rena = pitulungan.

miwah kancil gadarenane abêcik Kantj.95-1. |

--- 234 ---

tinilar ing rama ibu kawlasasih, tambuh kang gadarena Tjemp. 41-7 v. o. | arêp anjaluk gadarenamu J.Z.II, 150-2.

gudèl

lir gudèl dêdagangi T.A. 120-10.

gêtih

wutahe gêtihku zie kulit. | gêtih pulut zie otot kawat Letter d.

gutuk

ing Layang Babad Mataram (biyang cumbring) têmbung: gutuk têgêse: nyuwang zie cucuk en caruk.

gèsrèk?

mênawa ana wong gèsrèk padha rewange J.W. 22 (28) 1 v. o.

gawêr

môngsa angwêrana (niet anggawêra) dipun karubut ing bala kêthèk D.W.88-2.

glana lara Kw. glana = susah (= susah lara)

--- 235 ---

bali miyat, glana lara, hèh Sugriwa sapamanahing mami Rm 123-8.

galênthêng = clathu dhewe.

Lajêng anggalênthêng, karo pisan undha usuk, ora ana sing idhêp ngisin 1001 N. II, 539-9, sarêng sampun kamanah ing sawatawis, lajêng anggalêndhêng, lah iya, môngsa wurunga kowe dadi gêguyoning wong wadon id 290-2.

glondhong pangarêng-arêng, (araning bulu bêkti) P.I, 2.11.

gêlar

arane gêlaring pêrang ing basa Kawi kaya ing ngisor iki: | ardacôndra Rm. 412-4 = wulan tumanggal | êmprit nêba A.S.72-6 | cakraning swandana | cakrabyuha | kagapati = garudha nglayang | dwiradamêta zie gajahbangun angrok |

--- 236 ---

dumuk angun-angun | supiturang Rm. 200-8 v. o. zie mangkara byuha | wukir jaladri | wulan tumanggal zie ardacôndra | padmabyuha | jaladri wutah ing dharatan Rm 412-10 | mangkarabyuha = supiturang | gajah angun-angun zie byuha tarlèn | gajah bangun angrok = dwiradamêta | bajra tiksna lungit | bajra panjara Rm 351-6 | byuha tarlèn = gajah angun-angun.

golèk

prasasat anggolèki kang ora ana Dr. W.5-1.

galadhi

angarsakakên nguningani abdi dalêm ingkang galadhi abdi dalêm badhaya J.Z.I, 72-10 v. o.

galidhig

--- 237 ---

Pakênira manira timbali, sarta anggawaa wong galidhig, kèhe sawidak, sathithike patang puluh Spraakk. 6 (2) 5.

gulamit

sêsambate kadi gulamit T.A. 110-6.

galuga

galuga sinusur sari Kantj. 153 p 8. | gluga, slusur en sari J.Z.R. 138 (30) 3.

gêlung

Bulu jati miwah kusambi, samya obah kanginan, lir rusaking gêlung Rm 302-9 v. o. | Gêlung sinapiturang minangkara cinandhi rêngga P.I.68 9.

giling

kadi cakraning gilingan Rm 497-2 v. o.

galanggang Kw. = papan

tinggal galanggang colong playu P.I.206-3.

gêdhe

panggêdhening bupati: Kangjêng Radên Adipati, nanging

--- 238 ---

panggêdhene bupati: Radèn Tumênggung Arungbinang.

gadhing

gadhingan zie tungguk (h).

gadhung

Ambêting sêkar gadhung akalihan mênur ingkang sêmu alum, punapadene oyod-oyodan, ingkang kados kum-kum arum angambar, sangsaya wangi dening campuh kalihan kukusing dupa ngêndhanu kados mega J.Z.II, 27-14.

gêdhang N. pisang K.

Pasowanipun wontên salêbêting kori srimanganti ing pisang salirang salèring pandhapi agêng J.Z.I, 86-9. | ana ing gêdhang salirang kana id 202-3 (niet pasang en gêdhong salirang). | lajêng dipun ganjar pisang bôngka salirang P.201-1 en P,I, 272-5 têgêse: ditabok.

gajahmati zie kalang

pangêmprèting dwirada zie swara. | gajah (têlale lintah), sikil bumbung, mata laron.

--- 239 ---

Kantj. 27 p.13. | riyak gajahngoling P.I, 23-10.

gêmah aripah zie panjang apunjung.

gambira

Gambira manahipun dhasar sami bèr kuwanèn, B.T.D. 534-3

gugu, gugon tuhon

Manah manawi kapara kirang ing pamindinipun wêkasan gumiwang dhatêng ing gugon tuhon 250 vorh.

gugur

Artose tiyang kang anggugurakên waris, kadi ta: sadhèrèk jalêr kang nunggil bapa biyang, ngakên dhatêng anake wau sadhèrèke pêjah. K.T. 145 (288) 5 v. o.

gagak

kang irêng kaya gagak rêbut mêmangsan zie warna.

gagang suruh zie bae

gubah

gêgubahan surèngpati P.I, 347-7

--- 240 ---

gathutkaca

a. Ing ngriku Gathutkaca kadhawuhan Prabu Krêsna sarta Parta, amêthukakên Suryaputra, tumuntên sami anggugung dhatêng kasêktènipun, Gathutkaca ingkang dipun pangandikani girang nyakêt saha matur: kawula bêgja dene wontên dhawuh dhatêng kawula J.Z.I. 297-7. | b. Dyan trus jajanira, Gathutkaca nulya tila kanggêg, saksana dèn tan ajrih, tangi rumanti tumurun, ngungsir Sang Suryaputra, tuhu Bimasuta prajurit kuwasa, yun pêjah anglud pêpulih Dyan Sang Rawisuta oncat cidrèng rana lumayu tinggal rata id 313-10 v. o.

bae

binalanga gagang suruh - bae ... Rm 159-7. | panji klanthung - bae pijêr sasêrètan P.B.IX.

bainat

karêbahan saksi bainat 1001 N.II, 189-3 v. o.

bun

angêbun-êbun esuk, angudan-udan sore N. |

--- 241 ---

angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên K. | êbun esuk = rarabi,awun-awun. udan sore = awun-awun,rarabi. têgêse: nyuwun rabi P.I, 172- 8 v. o.

binantang

nyênjata buron utawi binantang kêsit K.T.10 (18).

bênêr luput

pagaweyan kang kêsusu arang bisa kadadiyan, barang kang durung ginawe bakal bisa dadi, nanging susah bangêt ambênêrake kang luput sawise ginawe Oem. J.I, 53 (6).

bêndara

ora ana wong bisa ngawula ing bêndara loro Indj.II, 12 (24).

bandera

kêlabing bandera rontèk tuwin kêkôndha pindha ombake jaladri pasang P.I, 45-11.

bêntil

tiyang dhusun tur atani bêntil Tjem 6-9.

--- 242 ---

bêndhe

yèn kowe adêdana aja ambêndhe ana ing ngarêpmu Indj. II, 10 (2).

bôndha zie arahan

bôndha-bandhu

kocap ratu bôndha-bandhu kineringan samaning ratu P.I, 401-5.H.S.268-en Hontj II, 16-8 v. o.

banyu

a. aja wêdi kangèlan lan wêgah anggarap gawe abot, balik elinga yèn tètèsing banyu bisa ambolongake watu 12 Verh 76 (6) | b. toya: kenging sakathahing tiyang amêndhêtana K.T. 111 (219) nied amêndhêta. | c. banyu kali sêgêr diombe sadurunge awor lan banyu sagara, mangkono uga wong ngawula tansah karahayon yèn ora kaworan budi ala, Oem. J.II, 207-7. | d. banyu yèn manbêk,mambêk.

manungsa yèn nganggur wêsi yèn diênêngake [diênêng...]

--- 243 ---

[...ake] bae, iku ora bêcik dadine. Dr. W. 44 (179). | e. ilining banyu saka ing gunung tumiba ing jurang swarane gumrujug apindha udan sinêmèni, unthuking banyu putih sumawur katon kaya kapuk winusonan J.L.I.132-5. | f. andalêdêg kados toya mêdal saking êrong B.T.D. 300-10 v. o.

banthèng

kaya banthèng kêtaton D.W.144 -6 v. o.

bur

buran totol J.W.199 (67).

bara

a. Ah rêbutên, iki kala Bragalba, imbang-imbangana tan bara, kèdhêp kula brajamu, Pamade: lumuh ginawe bêcik, iku kang kokarêpake P.I.205 3 v. o. | b. Sirnane nini putri ingsun gawe sayabara id 8 -6 v. o.

--- 244 ---

c. bara tan bara ingkang kinapti Rm. 90-5 v. o. (ora karuwan kang dèn karêpake). | d. bara-bara panêmuning wuri A.P. | e. bara-bara kadi bara: gusti, ujar kang mêngkono (iya yèn iya uni kang mêngkono) bara Kw. = baya, bara-bara = baya-baya, B.J.136 p 13. barabudhur = balabudha R.D. 1896 no 57, iki pangandikane Raja Siyêm.

brahala: kêna rinusak K.T. 99- (194)

branjangan

kêkêjêra kaya manuk branjangan P.I.68-6 v. o. zie tapak angin.

branyak

branyak kaduluran D.W. 158-7 v. o.

bêras zie sêga

brisik

sagêda sampun bêbrisik 1001 M. II, 565- 6 = bisaa aja bribin-bribin.

--- 245 ---

bareyan

kabucal dhatêng ing bareyan? utawi dhatêng ing sèngklèh (Jogja) J.W. 128-3 v. o.

barabudhur zie bara Lett.f.

bukur

antenana ing bukur pangarib-arip B.J. 157 p 3. | bukur Kw = lawanging swarga, pangarib-arib?

badra erawan

kèmêngan badra erawan P.I, 3-6 v. o. | badra Kw = rêmbulan, hrawan Kw = mênthung = galihipun sang prabu pêtêng kados upaminipun rêmbulan kaalingan mêndhung.

butuh

wong bèr budi, nanging yèn ora duwe dhuwit: butuh Dr.W.14 (35) | butuhing manungsa mung sathithik, sarta ora lawas bakal ora butuh apa-apa id 20 (57) | rinupak binutuhake D.W. 107-9 v. o.

--- 246 ---

batur

ora ana batur bisa ngawula ing bêndara loro Indj.II,161-(13)

biting

balowartining biting B.T.D.585 r 2. | salêbêting biting B.T.D.585 r 3 | ngungsi ing biting B.T.D.585 r 16 | biting ing kali cacing katingal B.T.D.585 r 17 | sakiwa têngêning biting B.T.D.585 r 19 | maryêm wontên ing biting B.T.D.536 r 10 | angrêbat biting B.T.D.536 r 17 | ngrampid biting B.T.D.536 r 20 | ngrangsang biting B.T.D.536 r 23 | sarta mawi abêbiting B.T.D. 585 r 10 v. o. | abêbiting pandonga zie jagang B.T.D. 606 r 5 v. o.

bètèng zie pagêr bumi

bètèng alang-alang B.T.D. 387-10 v. o.

--- 247 ---

basa

basakêna sira puniki Kantj 96 p 8. | basaknea si gêgothil P. W. 35-11. | basa (= barêng) wis tak wêruhake nalare P. I. 82-9 v. o.

busana zie anggo

basunônda, caping ... zie ôntakusuma

basônta

sasat wimbaning basônta H. S. 10 (19).

bawa

bawaning alit = sarèhning tiyang alit A. P. 11-3 v. o.

bol zie otot kawat Lett. d

bilih mênawi

mila makatên bilih mênawi Walandi minggat J. W. 99-5 v. o.

balêduk

balêduk mangampak-ampak P. I, 45-11 v. o.

bale sawo

--- 248 ---

bale sawo mungêl angrangin A.S. 129-1.

baliswaraning têmbung

sanjang sae 1001 N. II, 2-7 v. o. | wilujêng kantun zie salamêt.

balowarti

kasêktèn saka ing Allah, bisa ambêdhahake balowarti Indj II, 380-(4) | munggul balowartinipun B.T.D. 250-4. | balowartining biting id 535-2

balung wêsi zie otot kawat

bapa

bapa wênang anjabêl pawèwèhe marang anak K.T.203-9 v. o.

bodhi

upama jroning samodra, iya sira ingkang minôngka bodhi, têgêse: bodhi, panurut jêro cêthèking sagara Rm. 395-5 v. o.

bèdhèng

--- 249 ---

Yagene aku dudu kowe sing anduweni, kowe dudu aku kang mêngku, nanging papêsthèning awakku lan awakmu, iku dudu luput saka ing aku utawa saka ing kowe 1001 N.II, 313-10.

bajag sampang zie watêk.

bijigan zie tungguk Lett i.

bujang = lamban

saupami èstri bujang sarta botên wontên salêbêting idah K.T. 150-8 v. o.

baya

êndi dalaning sun baya (= kiye) T.A. 16-8 v. o. | baya mirah baya intên (= kaya) | paranbaya darunaning kingkin (kêpriye).

buyut

kabuyutan = kalênthèng Bat.verh.2e deel 147-8. | satru kabuyutan 1001 N.I, 19-5. kalanturing pakêcapan: satru bêbuyutan.

bayang

--- 250 ---

bayanganipun katilar lajêng lumêbêt ing sêgantên malih 1001 N. I, 366-8.

buyung = jun

kêndhil lan buyung K.T.228-6 A.P.en P.S 7 p 19.

begal

begal aring-aring

bêgja

Edan bangêt yèn wong ngarêp-arêp kabêgjan utawa kauntungan kang jalaran saka cilakaning liyan. Oem J.II, 180-1

bêguguk

ambêguguk ngutha waton zie watu.

babi zie asu

babah

sidhakêp suku tunggal, nutupi babahan nawa sanga (niet hawa sanga) T.A. 13-5. A.S. 121-7.v. o.H.S. 9 p 15 Hontj. III. 119-1.

babak

lah iku kêpriye adhimas, dene ana rêmbug babak [baba...]

--- 251 ---

[...k] anglayoni P.I, 159-11 v. o.

bêbêd

katanggunga bêdhahe bêbêde, gêmpale wrangkane J.W.198-12 v. o.

bathari diyana

gambaring candhinipun Sang Bathari Diyana, sasêmbahanipun tiyang kapir. K. S. 444-6 v.o.

bêthèk

Pangeran Pugêr sagarwa putra tuwin para abdi lajêng sami kabêthèkan B.T.D. 490-5 v.o. | yèn abdi dalêm mantri sapanginggil dhatêng panèwu, punika kabêthèkan. J.W. 227-12.

bang

a. bang = imbang, bang wetan, têgêse: pinggir wetan. J.Z.I, 36-5. | b. bang-bang alum-alum, ing tanah Jawa, kabèh sira kang nguwasani B.T.D. 359-11 v. o. | c. bilih mênang prangipun kaêbang badhe kapasrahan bang-bang alum-alum [a...]

--- 252 ---

[...lum-alum] ing tanah Jawi sadaya id 538-6 v. o. | d. pinasrahan gawening ratu, ginadhuhan bang-bang alum-alum D.W. 23-6 v. o.

bangêt

wayah utawa môngsa kang luwih saka têgêsing linggane, kaya ta: | esuk: esuk umun-umun, esuk jêngun, esuk uthuk-uthuk, sakesuk jêpluk. | awan: awan gêlinthang. | dina: sadina dhêg, sadina bêngkêlêng. | sore: sore èntèh, sasore bêndhe | surup: surup rêp. | sasi: sêsasi muput | wêngi: sawêngi natas, sawêngi kêcêput, sawêngi bêthêthêt. | panas: panase kaya mêcah-mêcahna gundhul, panase gêmamplang. | pêtêng: pêtêng dhêdhêt aliwêngan, pêtênge andumuk [andumu...]

--- 253 ---

[...k] irung. | padhang jingglang. | bêdhug dhrandhang, bêdhug dhêng.

bonglot

lumaju mabonglot 27.[...]

banggi = baya

banggi wontên karyawiga [...]

thinthing

thinthing-thinthing kêrika [...]

ngi

angi zie sêga en bêras.

ngait

ingsun bubuhi ngait wong [...]

ngèr

pangeran tak dêlêng ana ing ngarêpku tan pêgat 246-(25).

ngarpat kêpanasan

pacakbaris samya, nèng ngarpat kêpanasan H.S.