Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Madubasa, Padmasusastra, 1912, #29

Katalog:Madubasa, Padmasusastra, 1912, #29
Sambung:-

Layang Madubasa

--- 0 ---

karangane ki Padmasusastra ngabehi Wirapustaka

kaêcap ing pangêcapan Budi Utama 1912

Layang Madubasa

Karangane Ki Padmasusastra Ngabèi Wirapustaka

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama ing Surakarta taun 1912.

--- 0 ---

Voorberigt

Sumêbaring piwulang kados upaminipun: udan sinêmèni, wontên swaranipun, botên wontên nyatanipun, para sarjana kados botên kakilapan yèn ing jagad amung isi piwulang sae, ewadene dipun ambali wongsal-wangsul, ma, sakawan dèrèng nyêkapi dipun wêwahi malih tiga dados, ma, pitu, môngka: ma, sakawan kemawon dèrèng linampahan, kados ta:

Aja madat, guru sêpuh punapa guru kasampurnan, kathah ingkang sami nyêrèt: dening eca, muridipun kathah ingkang kapiluyu tumut nyêrèt.

Aja madon, angèl linampahan, dening tiyang ayu kêkasihing Allah, malah wontên ingkang nêmah kadugi ngrisak pagêr ayu, botên lêpat, ingkang tahan nahanakên ningali warni ayu muntêl wontên salêbêting manah, sintên, pêcahing nagari Ngalêngka inggih saking tiyang ayu.

Aja main, sima gembong rukun kalihan kidang mênjangan, dening pun kidang mênjangan kêndêl-kêndêl, kadugi ngêmbari wirodhaning sima, tarkadhang sima kasarakat sêbit carmanipun ingkang kadi luhung dhawah ing tamtaman.

Aja minum, pancènipun gampil sangêt pêkak-pêkakanipun, [pêkak-pêkaka...]

--- 0 ---

[...nipun,] amargi raosipun pancèn botên eca, katôndha mênawi tiyang ngombe inuman kêras, irungipun nyungir lajêng idu: cah-cuh, sawênèh wontên ingkang lajêng dipun gontor ing toya utawi wedang, supados ical tilasing raosipun pait. Ingkang nganggit punika kêrêp anglampahi piyambak, namung èngêtipun dèrèng nate sinau wurudawa, sawêg cêlak-cêlakan kemawon, punika inggih botên sumêrêp têgêsipun, taksih grubyuk tembo. Dados sampun têtela têrang yèn piwulang punika botên dipun endahakên. Rukun Agawe Santosa, tiyang sampun sumêrêp yèn: ru, ra: dipun suku, kun, ka: dipun suku mêjahi: na, makatên salajêngipun, panampining tiyang kalis kados lisah kalihan toya, awit watêking manungsa lumuh anglampahi pakèning tiyang, rêmên anggêga kajêngipun piyambak, mulang: purun, dipun wulang: suthik.

Sarèhning makatên tekading manungsa, kados prayogi dipun wontênakên Serat Erang-Erang, supados sagêd èngêt dhatêng lêlampahan sae ingkang sagêd narik dhatêng kautaman, mêdal saking kajêngipun piyambak, awit manawi purun anglampahi pandamêl awon, sampun kêpêthèk rumiyin, bokmênawi sagêd adamêl êngahing manah, sêrat punika kula namaakên: Madu Basa mawi kula urutakên dêntaywanjananipun, [dêntaywanja...]

--- 0 ---

[...nanipun,] supados gampil pangupadosipun punapa ingkang dipun kajêngakên: bilih wontên. Pangajêng-ajêng kula sagêda dados oyoding kawruh mikêkahakên piwulangipun para linangkung ing jaman kina yèn piwulang wau: sae, pantês tinulad sarta ingèstokakên pitêdahipun.

Ki Padmasusastra.

--- 1 ---

Uni

Uni ala lan uni bêcik padha angobahake uwang, yagene kowe dhêmên adol uni ala kang sathithik rêgane, tinimbang uni bêcik kang akèh regane. Zie W. B. uni.

Uni a

Wong mênêng ana ing pajagongan, iku mêtu saka ing rêribêd. Zie P. B. 27-3 v. o.

Anak

Ratu-ratuning ala iku anak nyatur ala marang bapa biyung, ngalêm marang awake dhewe. Ewadene jêmbar-jêmbaring jagad: ana. Sapa ... Zie W. B. anak.

Anak a

Nglêbokake anak marang pamulangan, iku padha uga karo nglêbokake dhuwit marang celengan kang ora binukak ing salawas-lawase sarta bakal olèh uyah-uyahan saka nggone ora motangake. Zie P. B. 31-1 v. o

Anak b

Ala bêciking anak saka panggawening bapa biyung, yèn [yè...]

--- 2 ---

[...n] anak iku dadi ala, bapa biyunge kang luput, yèn dadi bêcik, mung lagi nêtêpi prajanjian, sah utange kang ora bakal disauri (utanging anak marang bapa biyung).

Anak c

Mungguhing anak marang bapa biyung.

1. Marang bapa, diwêdi sarta ambangun turut, iku wis ngènthèngake kuwajibaning bapa. 2. Marang biyung, diasih trêsna, nanging aja ngadi-adi, iku wis mayarake kuwajibaning biyung.

Anak d

Katrêsnaning bapa marang ana, ora anjaluk walêsan kang adi aèng, mung jaluk dituruta parentahe, iku wis ngènthèngake têtanggunganing bapa, aja malês ngadi-adi anjaluk diugung, iku ngabotake têtanggunganing bapa.

Êndêm

Wuru dawa iki anglalèkake marang panggawean pêrlu, pakolèhe mung mêdèni bocah dolan, mari mêndêm kari limprêk-limprêk. Zie W. B. êndêm

Êndêm a

Êndêming dhuwit padha karo êndêming kacubung, sabarang paripolahe anganèh-anèhi, wong mlarat dipadhakake [dipadhaka...]

--- 3 ---

[...ke] walang, ora ngèlingi yèn watêking êndêm nganggo mutah: howèk, la: ketok têlake.

Êndêm b

Êndêming inuman kêras ora sapiraa, tangi turu wis ilang, nanging êndêming kawibawan lan kamuktèn sok anggonjingake èngêtan. (K.N.) ora bisa mari dening sarana, marine yèn wis tumiba ing tiwas, gêtune wis kasèp, mulane aran bêgja wong wibawa mukti eling marang kaapêsan, duwe têpa utawa wêlas marang sapadhaning tumitah kang tumiba ing apês, utawa kamlaratan.

Êndêm c

1e. êndêming waragang anglalèkake subasita.

2e. êndêming candu, bisa anjara langit, nanging yèn wis mari mêndêm, bali kêtagihan manèh.

3e. êndêming wanodya, cumithak ing ati, liwung ora karu-karuwan, paraning bêndu marang kang apês parane.

4e. êndêming wong dhêmên ngabotohan, yèn kalah rupak jagade, sirna katrêsnaning marang anak bojone, dibalèjèdi nganti balindhis, suwe-suwe mrèmèn angapus-apusi marang sanak sadulure.

5e. satêmêne êndêm patang prakara ing dhuwur mau isih kalah

--- 4 ---

karo êndêming kaurmatan, wong Walônda ngarani: gila hormat. Pancèn iya nyata, têmbung: gila hormat mau ora beda karo wong edan, digêguyu sadina-dina: ora ngrumangsani.

Intên

Manungsa kang tabêri ulah kapintêran, kaya intên sinarawèdi, durung ambabar wus katon ajine akèh.

Andhap asor

Andhap asor iku nyudakake darajat, nanging yèn ora andhap asor ora bêcik, pikirên kapenake zie P. B. 31-6.

Êndhog

Wong dhêmên anjagakake êndhoge si blorok, (pitulunganing liyan), arang nêgêse, apa ora prayoga anjagakake kaskayane dhewe. Zie W. B. êndhog

Ora kobêr

Nacad alaning wong iku gampang bangêt. Siji mangkene, loro mangkono, nanging anggunggung cacade dhewe adate ora kobêr. zie P. B. 28-10 v. o.

--- 5 ---

Udan

Aja susah dening sangsayaning urip yèn lagi tumiba ing sial, balik ngandêla pitulunging Allah, awit panas sataun kang nganti anggogrogake gêgodhongan, bisa adhêm padha sanalika dening dêrêsing udan.

Ati

Laraning ati ora bisa waras ing salawase, tatuning ati pinggêt sajêge urip, mulane aja sok dhêmên nyêrikake atining wong.

Ati a

Nutugake karêping ati, ngantia bujading jagad iya isih kurang, nanging têka mundur: ora, iya iku watêking manungsa.

Ati b

Nuruti karêping ati, sanadyan lakune wis têkan ing sagara kang banyune anjêndhêl, isih arêp bablas manèh, glèthèk pêthèle mung têkan sajroning gêdhong pêtêng kang kinunci saka ing jaba.

Utama

Kautaman aja kosêdyakake, thukule saka wong liya kanthi wragad akèh. zie W. B. utama.

--- 6 ---

Utama a

Wijining kautaman, saka kabêcikan, nanging kabêcikan kang kawêdharake barêng lan panggawene mung dadi pangalêman sanalika, dene kabêcikan kang wis lawas panggawene môngka dèn ucapake manèh marang kang gawe kabêcikan, iku malih dadi ala sarta dadi sêrike kang binêcikan, rumangsane ingolok-olok. Wusana kabêcikan kang sinimpên marang kang gawe, iku mêsthi bakal kêwêdhar saka panggawening liyan, gandane arum angèbêki jagad, têtêp ing kautamane.

Asu

Yagene asumu kuru.

Amargi botên kula têdhani.

Sabab apa ora kopakani.

Saking botên gadhah pakan.

Apa kowe ora wêlas.

Wêlas kula sami ugi kalihan wêlas sampeyan, sarta sami botên pêparing.

Asu a

Asu sêtya tuhu marang bêndarane, sanadyan ora dipakani nganti anggagrakusika: ora minggat, nêmah golèk [golè...]

--- 7 ---

[...k] pangan dhewe sabisane. Manungsa apa iya mêngkono? takona dhewe.

Istiyar en takdir

Istiyar lan takdir kukuh êndi. Iku pitakone wong bodho, apa ana wong urip tanpa istiyar sarta istiyare bêbarêngan lan tibaning takdire, aja ngrêmbug manèh prakara iku, mundhak rame.

Gusti Allah nitahake urip mung didhawuhi istiyar supaya widadaning uripe, sanadyan wrêjit cacing. Sarta nganakake watu mung didhawuhi mênêng cukup ora nganggo istiyar. zie W. B. Istiyar.

Istiyar en takdir a

Akèh wong kang duwe pamikir kukuh êndi istiyar lan takdir, pênêmu kang mangkono iku kêliru, amarga istiyar panggawening manungsa, takdir pandamêling Allah, wujude dadi lan ora dadining istiyar, takdire tansah angrakêti, sida dadi priyayi utawa ora sida dadi priyayi iya iku tibaning takdire, sajrone aku nulis iki wis anggawa takdir, mulane aja sok rinêmbug, mundhak rame, iya iku kang diarani: madu balung kêpesing, apa tanpa isi.

--- 8 ---

Istiyar en tômba

Bêcik anggêdhèkake istiyar kawarasan, tinimbang karo anggêdhèkake tambaning kalaran, dening kayêktèn tômba ora migunani wong waras.

Asma en busana

Salin asma salin cipta, salin busana salin tênaga, iki paribasan anggitane sujana ing Surakarta (Ms Sama ) yêktine iya dhasar mêngkono, kaya ta: sudagar kang bisa dadi priyayi dening palungguhan kêna tinuku utawa sabab liya-liyane, patrape banjur nganyar-anyari owah panganggêpe marang kônca-kancane sudagar kang maune nunggal budi.

Asêm zie. Uyah

Hawa napsu

Hawa napsu iku gêlis wêtune, amarga akèh dalane, nanging yèn dalane dipêpêti: ora bisa mêtu, karêpe pêpês tanpa bayu, wong ahli ngilmu jare bisa mêpêt dalaning hawa napsu mau.

Awas

Wong dhêmên mêthèk bêgja cilakaning uwong, iku amarga koncatan ing kawruh padhang, zie P. B. 27-1 v. o.

--- 9 ---

Ulêr

Ulêr dadi amaning têtanduran, ngrikiti godhong nganti pundhês, tanpa wêlas marang wit kang nguripi awake, suprandene barêng têkaning môngsa tuwa eling marang panggawe bêcik, tobat maring Pangeran, tapa brata nyuwun pangapura: angênthung, lawas-lawas narima ambabar dadi kupu, bisa ngambah ing gêgana sarta salin pakarêman mung ngisêp maduning kusuma, gèk kêpriye yèn manungsa kang duwe kalakuan ala ora bisa mari nganti tumêka ing pati, apa kalah karo pakartining khewan cilik.

Elok

Aja sok gumun andêlêng kaelokan kang nêmbe kok sumurupi, awit yèn kowe wis sumurup sababe: rèmèh bae, Gusti Allah nitahake makluk, ora karsa kanthi kaelokan, mung barès-baresan bae, mulane ora digumuni ing manungsa, kajaba mung sapisan kanthi kaelokan, iya iku dadine Eyang Kangjêng Nabi Adam, ngalang. Zie W. B. Elok

Allah

Dingandêl marang pitulunging Allah, amarga pitulungamu marang awakmu [a...]

--- 10 ---

[...wakmu] dhewe ora kêna diêndêl. Zie W. B. Allah

Allah a

Karsaning Allah mungguhing makluk sajroning uripe mung ingandikake mêncarake wiji sarta mangan turu. Aja anggêguyu dhisik sarta angira gampang, yèn mung mêncarake wiji awur-awuran ya gampang, nanging yèn ngèstokake karsaning Allah: angèl. Khewan kang ngèstokake, kalakoning sumbada gumantung ana kang wadon, sawênèh nganggo môngsa padha karêpe kaya ta: mangsane kucing gandhik, asu gancèt, ungsum kêndhêla, kupu, lalêr sapêpadhane, yèn wis kaliwat ing môngsa ora ana kang duwe karêp, asu lanang wadon padha saduluran bae, sawênèh sirna tanpa tilas, pitik iwèn kang lanang tanpa môngsa, mangsane gumantung ana kang wadon, yèn durung môngsa laki dijiyata kae iya ora gêlêm, kang ngêmong anake isih cilik, dijiyat iya ora gêlêm, manungsa apa ya mangkono, ora, mulane ora ana khewan wadon kang gabuk, kajaba majêr pancèn suthik laki, bokmênawa ana lêlarane, balik manungsa akèh bae kang lanang ora nganaki, kang wadon dadi gabuk, dêning awake dhewe ambuwang môngsa

--- 11 ---

anjurungi ardaning ati, nganakake karêp ora sakira, saupama cara khewan nganggo môngsa, iya iku narima ngêntèni uriping barange saka watêke dhewe, ora saka watêking ati, amêsthi ora ana kang tiwas sarta kalis ing lêlara, (kang nganggit mung kôndha bae).

Allah b

Khewan sabên dina istiyar golèk pangan mung sacukupe isining wêtênge baê, ora nganggo tandhon pangan, manungsa kêpriye? sing tabêri istiyare wis duwe pari salumbung isih golèk wuwuhe manèh. Sing kêsèd ora gêlêm istiyar, mulane akèh sing tumiba ing sangsara, sing watêke kêndêl dadi maling, sing jirih dadi kere.

Angèle wong urip, mata dhuwitên: luput, ora duwe dhuwit, saya luput, sing bêcik aja dhêmên dhuwit, dhêmêna dayane, iku bisa nguripake jênêngmu nganti tumêka ing pati, beda karo wong sugih kang ora amèk dayaning dhuwite, barêng mati amale dadi rêbutan, kubure kapiran.

Allah c

Khewan turu ing môngsa bêngi, ora mêncarake wiji lan ora mangan nginum, manungsa kêpriye? Kosokbali

--- 12 ---

balaka, mêncarake wiji ora sakira, yèn wis kêsêl mangan nginum, tur kêkuwatane ngungkuli wêdhus: Ora, ( kang nganggit ora ngluputake, mung muni bae ).

Allah d

Lêlakoning donya kang tinêmu ing manungsa, karsaning Allah mung andadèkake bêcike, sanadyan bêgja-bêgjamu kinêbat dening Allah, dinarima sarta aja kêmba sungkêmmu maring Pangeran, kanthi ora lali anggêdhèkake istiyar rinêksa ing budi rahayu. Kalawan kamurahaning Allah: kowe sadhela pangling marang lêlakonmu dhewe kang siyal salawas-lawase liniru gampang.

Alêm

Wong ngalêm marang awake dhewe, iku prasasat nguntal wisa mandi, ananging apa ana wong ora golèk alêm, sarèhning ana têmbung: golèk, dadi ana katrangan: entuk, utawa ora, yèn entuk, sapa kang kudu ngalêm, yèn ora: apa awake dhewe kang dadi sêsulihe têmbung: Ora. zie W. B. Alêm

Alêm a

Pangalêm utawa panacad marang liyan, uni karo pisan [pisa...]

--- 13 ---

[...n] iku padha ora kêna diandêl, dene kang kêna diandêl, unine wong mênêng, sabên muni iya têmên, liding dongèng: bêcik wong mênêng tinimbang karo wong juwèh. zie W. B. Alêm

Alêm b

Ora ana wong urip kang ora dhêmên dialêm, nanging wong golèk alêm dadi wong kuthung, uripe ana sangisoring wong: sanadyan ratu. Alêm kang ora kêprungu ing wong kang dialêm, gandane arum angambar tutug ing suwarga.

Alêm c

Ora ana wong ora golèk alêm, nanging thukuling alêm angèl, kudu sramasrana. kalakuan bêcik lan pagawean kang murakabi ing akèh, yèn kok sramani saka bôndha bae, alêming wong mung tumèmpèl ing lambe, ora têrus ing ati, dadi aran pangonggrong, kang ora kok bêciki malah mada nyatur ala.

Alêm d

Paribasan: Wong dhêmên ora kurang pangalêm, wong gêthing ora kurang pamada, iki têmênan, ngêndi ana dhêmênane awèh ulat marang wong liwat, sing kêluputan sing kêtiban ulat. Bok aja mêngkono kêpriye: ora,

--- 14 ---

isih dhêmên ngapura, sing nganggit mung bisa muni bae.

Alêm e

Pangalêm lan panacad iku imbang-imbangan, mung dadi kêmbang lambe, ora ana wong ora rêna dialêm, sarta ora ana wong ora sêrik dicacad, karo pisan satêmêne luput, dening pangalêm lan panacad mau goroh kabèh, ujaring bêbasan: wong dhêmên ora kurang pangalêm, wong gêthing ora kurang pamada.

Alêm f

Wong dhêmên dialêm iku bodho, nanging ki pujôngga ênggone ngêtog kapintêran, pêrlune mung golèk alêm, apa iku pujôngga bodho. Ora mêngkono, alêm kang nyata iku gumêbyar, kaya soroting lintang panjêr rina, dene alêm kang ora nyata surêm anglamuk pindha mripat kabuwanan, mlolo ora sumurup marang bêcik.

Ala bêcik

Ala karo bêcik pilih êndi, aja koarani mokal, tlusurên igamu dhisik, satêmêne manungsa dhêmên ala tinimbang karo bêcik, dadi yèn diarani ala: ginjal-ginjal.

Ala bêcik a

--- 15 ---

Ora bisa ngarani: ala, yèn durung sumurup ing bêcik, mangkono uga kosokbaline.

Ala bêcik b

Ora ana piwulang sing akon anglakoni panggawe ala, kajaba layang Jiljalaha. Yagene pijêr gawe piwulang bêcik bae, malah: ma: papat, (madat, madon, main, minum) isih kurang diwuwuhi têlu, dadi pitu, wong wis ora digugu gawene apa. Sok mangkonoa wong iku wis sumurup marang ala bêcik, mung sing didhêmêni nglakoni panggawe ala, atine bungah, gêlis kêtutugan karêpe, sanadyan kaduwung ing buri ditêmah, nêkad arane, piwulange iya aran nekad.

Ala bêcik c

Pilih êndi ala karo bêcik.

Anèh pitakonmu.

Ora anèh, yèn barang kowe mêsthi milih kang bêcik, nanging yèn kalakuan, kowe milih sing ala, aja selak. Caritane Nabi Dawud, môngga ngêpèk bojoning paman, sarana paekan, jarene kêna ing coba, aja manèh sing kawula ngam, oraa mêngkono, mung kacèk ora kêna muni: kêna ing coba, dadi têtêp alane, prakara [pra...]

--- 16 ---

[...kara] coba mung kadarbe ing para nabi, wali, mukmin (kojur wong ngam), mulane sêsudanên dhêmênmu marang ala.

Apura

Bêcik ngapura wong sapuluh kang kaluputan, karo ngukum wong siji kang ora kaluputan.

Adhêm en Panas

Kapenak môngsa adhêm karo môngsa panas, sanadyan atining manungsa pancène iya bêcik mangkono, nanging arang gêlêm anglakoni.

Aji

Wong dhêmên diajèni, kudu adhêdhasar dhêmên ngajèni marang sapadha-padhaning tumitah, sanadyan wong gêdhe yèn ora dhêmên ngajèni marang wong cilik, iya dicatur ala. En zie apura.

Aji a

Kajèn kèringaning awak, iku ora saka luhuring drajat sarta misuwuring sugihe, sanadyan wong asor sarta wong ora duwe iya bisa kajèn kèringan, tarkadhang angungkuli kajèn kèringane sing luhur lan sing sugih mau, yèn bisa ngêmpakake unggah-ungguh sumurup ajining dhiri, (si luhur: saèn, si asor: ora, si sugih jalukan,

--- 17 ---

si ora duwe: wewehan)

Uyah

Têmbung: nguyahi ngasêmi, ngibarate wong ngalêm marang anak putune, utawa sanak sadulure tuwin marang kêkasihe kêna korungokake, nanging ora kêna banjur kogugu, kang akèh sok nganggo pênuli ginawe mulas.

Omah kobong

Bungah êndi nonton omah kobong andadi karo banjur sirêp. Aja kôndha susah andêlêng omah kobong, lamising ujar muwus angêbaki saranduning ilat, ambyar katampan ing lambe, bok aja mangkono kêpriye.

Eman

Ngeman: luput, ora ngeman: iya luput, kêpriye têgêse, mangkono: aja ngeman manganggo sarwa anyar yèn nuju ngadêge gawe utawa ana ing pasamuwan, aja dupèh wis misuwur sugih gêlêm manganggo sarwa lungsêt, iku dêgsura arane. Nanging dingeman manganggo sarwa anyar kang ora nuju pameran, iku wong dumuwedêmuwi ( = hemat). arane. zie W. B. eman.

--- 18 ---

Umur dawa

Rêsiking budi: anêntrêmake ati, têntrêming ati: gawê kawarasan, warasing awak: andawakake umur, apa ora mêngkono.

Rêsiking awak: ngawètake rasa, kapenaking rasa: ngenakake pêpangan: marasake badan, (k. N.) warasing badan: andawakake umur, apa ora mangkono.

Umur

Zie maru.

Umpak

Umpak iku wisa mandi, sapa sing kataman umpak: kêna, cacad uripe sinêbut manungsa bodho, ginaguyu ing para sujana.

Umpak a

Ora ana wong ora dhêmên diumpak, olèhe nyambut gawe andêrpati pêrlune mung golèk umpak, mulane akèh wong adol umpak, awit sangune mung ujar lamis, tur wis tumèmpèl ana ing lambe, yèn payu: nguripi.

Tak rasa-rasa bêcik êndi umpak karo diumpak, wangune ala kabèh, dene kang bêcik wong narima ing pandum, gêdhening [gê...]

--- 19 ---

[...dhening] panarima dadi tuking katrêntrêman, wong yèn wis têntrêm arêp golèk apa manèh, alêming wong yèn ora digolèki: mara dhewe.

Agama

Kawruh agama dadi pandomaning tatakrama, wong tanpa agama uripe ana sangisoring khewan, nanging wong kang kêkandêlên agama kawruhe pêtêng, anganakake Gusti Allah bêgogok kaya rêca. Swarga nraka katon gawang-gawangan.

Agama A

Agama kanggone ing wayah awan, wong mutihan akèh kang laku jina tinimbang karo wong abangan, sababe apa? Bêngi.

Agama B

Bêcik tanpa agama atine rêsik, tinimbang karo nganggo agama atine rêgêd.

Agama C

Agama ora bisa anjunjung drajat, nanging wong kadrajatan ana sangisoring agama, ambuwang agama dadi nistha, ilang utamane.

Agama D

--- 20 ---

Agama Islam, kôndhane eyang Ngarab bêcik dhewe, sok mangkonoa ana sorsorane, ayake ora mangkono, kabèh agama: bêcik, mung gêndhinge bae seje-seje, kaya ta: agama Kristên, ora kêna wayuh, agama Mukhamad: kêna wayuh, malah nganti papat, wong Jawa baud milih nganggo agama Mukhamad, wah sinêbut agama suci, saya mathêm.

Agama e

Agama Mukhamad kêna wayuh nganti papat kajaba wong tukon, yèn panjênêngan nata ing Turki: ora batur tukon, diarani: harêm, wong wadon ayu-ayu atusan dikandhangake kaya bèbèk ana ing suyasa pelag, batur tukon mau kêna dijamah sak karêp-karêpe, yèn mêtu cêmpene kêna didol.

Wong Jawa maune agamane Buda. Wong bêbojoan nganggo prasêtya, sapa sing mati dhisik, sing kèri milu bela mati, ana sing lêbu tumangan, ana sing suduk jiwa lan liya-liyane, saiki salin agama Mukhamad, bokmênawa melik kêna wayuh papat, sejene prêmbe, lan ora bela mati yèn bojone kêna ambah-ambah. Sok mangkonoa wong Jawa iku pintêr, bisa nandhing milih agama, aja sumêlang [su...]

--- 21 ---

[...mêlang] ora-orane malik majar manèh salin agama Kristên, dhêmên kawisesa ing wadon.

Agama f

Pêpêthingane anglakoni parentahing agama, iku angrêksa lan angajèni marang tatacara bêcik.

Abot

Aja wêgah anglakoni pagawean abot, awit yèn kotalatèni kalawan sabaring ati, suwe-suwe saya ènthèng, wusana nganti tanpa bobot: rampung. zie W. B. Abot.

Ubaya

Wong kang nêtêpi marang ubayane, iku wis ngambah dalaning kautaman.

Angkuh

Andhêdhêr angkuh iku tuking panggawe ala P. B. 27-9 v. o.

Angèl

Ora ana wong kangelan tanpa pituwas, êmbuh enggal lawase: mêsthi. bonggan sira dhêmên nganggur, liding sanepa: aja kêsèd, Zie W. B. Angèl a

Angèl a

Ora ana wong kangelan tanpa pituwas, lupute awake: [awa...]

--- 22 ---

[...ke:] iya anak putune kang tômpa, yagene suthik kangelan, dipilaur nganggur, apa ana janjine wong nganggur olèh ganjaran.

Anggêp

Sing bêcik panganggêpmu marang dhayoh wong amônca, sukur bage sèwu bisa nyugata sak kuwasamu, orane: ngatokna sumèh ing netya bungah kêtêkan, sarta dhangan mitulungi karibêdane kang kêna kok lakoni, aruming gandamu wis olèh rong nagara.

Nagara

Sungkêm marang nagara,

a. Milu biyantu rumêksa rahayuning praja kang didunungi, sanadyan ana ing amônca aja beda kayadene panganggêpe marang praja wutah gêtihe.

b. Sêtya tuhu marang kang mêngkoni padunungamu, sarta angèstokake barang parentahe.

c. Parentahe lakonana, amêsthi maidahi marang kowe.

d. Angèstokna marang surasaning anggêr-anggêr, awit wis pinikir bênêr marang para sujana sariraning praja. D. K. 1912 No. 87

--- 23 ---

Cina

Kasugihaning Cina linakonan kangelan adus kringêt sadina-dina, adol barang pinotangake marani cicilan sigar sadhuwit, nganti diarani lintah dharat, lawas-lawas bisa potang dhuwit akèh, anakane iya akèh, nuli malik dadi sudagar kulak barang pamêtuning tanêm tuwuh banjur ditandho, yèn wis môngsa pailan dibudhalake, tuku murah adol larang, sawênèh malik bukak toko kulak barang mênyang tanah Eropah, utawa kulak soga tingi sapanunggalane, ora lawas banjur sugih andarbala, akèh Cina singkèk maune adol kacang gorèng sêmbari sinau cara Jawa, lawas-lawas dadi Cina pradan, wong Jawa ora bisa nglakoni sangsara dhisik mêkak hawa napsu, kurang sandhang kurang pangan, kang dibisani mung enak lan kêpenak, wusana tumiba ing papa ora bisa mêntas saka sangsaraning uripe. Cina pranakan kang dudu turune Cina sugih, ora bisa kaya lêlabuhane Cina singkèk, iya lêstari mlarat, ayake wis kêtularan lêlabuhane wong Jawa.

Cacad zie, alêm a

Cacad: anak

Cacading anak, yèn ora trêsna marang bapa biyung.

--- 24 ---

Cacad: urip

Cacading urip, yèn koncatan budi rahayu, sanadyan sugih singgih sirna ajine.

Cacad: êlèk

Cacade wong mêlèk, yèn natas.

Cacad: among tani

Cacade wong among tani yèn ora mungkul.

Cacad: Ratu

Cacading ratu: ora ana, dening alaning ratu isih dadi bêbêcike wong kang bêcik dhewe.

Cacad: raga

Cacading raga sirna dening kalakuan bêcik.

Cacad: kriya

Cacading kriya yèn garapane ora pênêr sarta anjing-anjingane ora rapêt, sanadyan grayange alus, sarta ukir-ukirane ngrawit, ingaran ala.

Cacad: damar

Cacading damar yèn ambalêrêt.

Cacad: turu

Cacade wong turu: yèn ora ngalisik, sarta jodhèh.

--- 25 ---

Cacad: tangi

Cacade wong tangi turu: yèn kawanan.

Cacad: sudagar

Cacading sudagar yèn calathune ora têmên.

Cacad: satriya

Cacading satriya yèn ora bèrbudi.

Cacad: sugih

Cacade wong sugih yèn kumêt.

Cacad: wiji

Cacade wong mêncarake wiji yèn ora kaopan.

Cacad: pandhita

Cacading pandhita yèn ora brata.

Cacad: parentah

Cacading parentah yèn ora ngadil.

Cacad: priyayi

Cacading priyayi yèn malincur, utawa seba ora nyambut gawe, mulane priyayi tungguk sok ngantuk, priyayi jaga nagara sêretan.

Cacad: pangan

Cacade wong mangan, yèn dhokoh.

--- 26 ---

Cacad: Punggawa

Cacading punggawa yèn ora utama.

Cacad: mitra

Cacading mitra yèn ora prasaja.

Cacad: mlarat

Cacade wong mlarat: tanpa petungan, bêcik ora mlarat bae.

Cacad: guru

Cacading guru yèn miyagah.

Cacad: budi

Cacading budi yèn nguthuh, krodha nglumahake asta.

Cacad: bapa

Cacading bapa, yèn ora mardi kapintêran marang anak.

Cacad: biyung

Cacading biyung yèn ora ngopèni marang anak.

Carik

Ing jaman kuna jumênêng dalêm P. B. VII Patih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kang sumare Ngimogiri, ing kampung Kapatihan, ana maling kêcêkêl, kauningan ing kangjêng radèn adipati, kadangu apa gêlêm tobat, wis mêsthi bae aturing maling: sandika: didangu manèh apa bisa maca, ature: [a...]

--- 27 ---

[...ture:] ora, karsane kangjêng radèn adipati, maling diabdèkake dadi carik, kaparingan pangan nyukupi, lawas-lawas ki maling carik iya bisa maca, nulis: suwe-suwe iya tumindak, lêstari tumurun marang anak putune sarta padha bisa nulis jêjêg, maling saiki kepriye apa iya mangkana, padha bae iya bisa muni: tobat.

Cakra panggilingan

Ora ana kabêgjan lan kacilakan langgêng, amêsthi ana watêse, karsaning Allah: sarupaning makluk isining dunya lakune nyakra panggilingan,manggilingan. mulane wong kabêgjan aja pêpeka, wong kacilakan aja kêmba ambudi sarana, karo pisan dadia widada.

Catur

Dicatur ing wong dening gone anglakoni kabêcikan, iku mung dadi kêmbang borèh ing raga, gawe tambahe aruming gandane, mulane aja korasaake, Zie W. B. Catur.

Catur a

Nyatur iku gawe pitunane wong kang dicatur, nanging iya gawe pitunane dhewe, suprandene akèh kang nglakoni, zie W. B. Catur a.

--- 28 ---

Catur b

Ora ana sêgêring awak kaya wong nyatur alaning wong, ambêcikake awake dhewe, upama ora nyatur bae kêpriye: êmoh awake, mundhak ora sumyah.

Catur c

Nyatur alaning wong iku gampang. Dening apa ? mung dening paitan kacunggah sarta atine bungah, wah ora dirungu ing wonge kang dirasani, upama anaa wonge kang dirasani: ora mêngkono, banjur malik ilat liru ngalêm, iku wis dadi oyoding atine manungsa, mulane aja gèt-gètên ngrungu panyaturing wong, awit wong kang nyatur iku iya isih dicatur ing wong liyane manèh. Liding gunêm, sok anaa wong dhêmên nyatur: atine èlèk: aja kopêraki.

Lêlabuhan bêcik iku suwargi R. ms H. Jayadiningrat, bupati kaparak kiwa, iku ora tau nyatur alaning wong, luwih manèh angrasani alaning nagara, wis ora pisan-pisan, yèn ana wong nyatur alaning wong utawa ngrasani alaning nagara, disêlani pangandika: bêcik seje gunêm kuwi bae: jagomu si genjong apa wis waras awake ... kang nganggit layang iki wêruh dhewe.

--- 29 ---

Cilaka zie Bêgja

Calathu

Wong ngalah clathu sakêcap laku satindak, iku wis sumingkir saka ing pakewuh, dene wong mênêng ana sajabaning pakewuh, awit watêking manungsa mung golèk mênang.

Cèlèng

Dongèng, ana cèlèng lanang kapengin dadi manungsa, tinurutan dening Allah, nanging karsaning Allah winalik dadi manungsa wadon, cèlèng bangêt piduwunge, nyuwun bali dadi cèlèng manèh bae, cèlèng-cèlèng lowung anggêr lanang, samono olèhe ngêsorake drajate wong wadon.

Cobolo mangan têki

Ing pamulangan ana bocah bodho, nganti diparabi cobolo mangan têki. Nuju sawiji dina ditakoni marang gurune: le, umurmu wis pirang taun, wangsulane: sawêg kalih wêlas taun lumampah. Karo umure bapakmu kacèk pirang taun. Namung kaot gangsal taun. Bocah kang padha ngrungu kaya sinêntak guyune, si cobolo sêrik digêguyu ing bocah akèh, pangarahe supaya mari digêguyu calathu manèh: umurku yèn ora awèh kacèk, iya padha: ta, wis. Guyuning bocah saambata [sa...]

--- 30 ---

[...ambata] rubuh, si cobolo saya bingung ora sumurup sababe digêguyu. Satêmêne akèh bae kabalusuk ing catur ngungkuli kabodhoan iki.

Congkrah zie rukun

Congkog zie jombêlang

Ri

Kacocog ing ri kêmarung kumramyas kaya mawa wisa, nanging ora sapiraa, kêna binêtahake, ora madhani kaya kacocog ing kalam landhêp, tatune anjarêm nganti têrus ing balung sungsum.

Rahayu

Sangune wong ana ing dunya, dudu kasugihan, dudu kapintêran lan dudu kapriyayèn, cukup mung sangu budi rahayu. zie W. B. rahayu.

Rahayu

Zie manungsa

Rukun en congkrah

Anggêr wong bisa ngarani: bêcik rukun tinimbang karo congkrah, ananging yêktine ora mêngkono akèh sing congkrah karo sing rukun, sababe: dhasaring atine manungsa: ala.

Rukun gawe zie sapih

--- 31 ---

Rêkasa

Rêkasaning ati: sinabarake

Rêkasaning awak: sinarèhake

Mung rêkasaning momong bojo pugal, kudu natas têtalining trêsna

Ratu en patih

Panjênêngan ratu kang isih jumênêng mung tansah ingalêm marang kawulane, kosokbaline panjênêngan patih kang isih misesani bang-bang pangalum-aluming nagara mung tansah cinacad dening kawula dalêm, awit pangrasaning wong: ratu mung anggêganjar, patih mung mêrês pamêtune wong cilik, ora wêruh yèn kang angganjar sarta mêrês pamêtu mau iya sang ratu, lali yèn ana unèn-unèn: sotya lan êmbanan.

Rasa

Kang diarani rasa enak iku condhonging rasane dhewe, nanging ora langgêng, isih kêna owah gingsir, tandhane: dhèk Ki Patmasusastra isih bocah tumêka tuwa ana ing Surakarta, ora doyan martega tuwin kèju, apadene puhan, rumasaning atine ambune amis, yèn mangan panganan kang nganggo woworan martega: arêp mutah, ananging tibane ora ajêg mangkono, nalika Ki Padmasusastra [Padmasusa...]

--- 32 ---

[...stra] mênyang Nèdêrlan, andhèrèk tindake tuan Insêpèktur de Nooij cadhonge pangan sabên esuk roti sapotong diusar-usari martega sarta diwur-wuri sisiran kèju, wedang kopi sacangkir nganggo puhan, sarèhning tumênga sêpa tumungkul sêpi, ora ana kang pinangan liyane, wong adol sêga ladha pindang, sêga gudhêg: ora ana, roti mau dadi ditrajang, maune pamangane sarana ngampêt ambêkan sadhela, supaya gandaning martega ora kongas amis, wusana suwe-suwening dina mari mambu amis malah dadi gurih, gurung mingkup dadi mêlar. Liding kôndha ora ana barang langgêng, sanadyan kaluhuran, kawibawan tuwin kasugihan, iya suda lumungsur, mung kasucian kang langgêng nganti tupêkatumêka. ing pati gandane kongas nganti tutug ing suwarga, zie W. B. rasa.

Rasa a

Aja sok dhêmên ngrasakake lêlakon kang wis utawa kang durung kêlakon, iku angêcèh-êcèh môngsa tinindakake kang ora ana gawene, bêcik angrasakna lêlakon kang lagi kolakoni.

Rasa b

Ngrasani alaning wong, iku ora mung gawe pitunaning wong

--- 33 ---

kang dèn rasani bae, iya uga gawe pitunane dhewe. P. B. 30. 7. en zie catur a

Rêsik en rêgêd

Watêk rêsikan iku dadi tuking kawarasan, nanging watêk rêgêdan (crobo) dadi kêdhunging kalaran, (lêlara) rêsik ing budi gawe bêgjaning raga, rêgêding budi gawe cilakaning raga, dadi wis têtela têrang bêcik rêsik tinimbang karo rêgêd, nanging manungsa akèh sing dhêmên rêgêd, mung laire bae kabèh dhêmên rêsik, batine ora, upama kinosokbali kêpriye? Ora mathuk.

Rawe

Manungsa kang ngêmpakake têmbung lamis, iku kaya angganing kêmbang rawe, tinonton anyênêngake, nanging yèn didumuk anggatêli.

Rodha

Sêsêring rodha ora bisa nututi tracaking jaran, mulane aja sok kêmaki, kapintêranmu lagi bisa mêcah etungan wara saêsèn dibage têlu, ki sudagar ora mangkono, trima bodhon-bodhonan bae, saêsèn dibage loro dadi nyakbil, banjur kêna dijajakake.

--- 34 ---

Liding dongèng kapintêran kang ora kaprah: kalah karo kapintêran lumrah.

Rodha a

Ubênging rodha sêsêr ora bisa nglancangi sikiling jaran, têgêse: turuning asor binedakake lan têdhaking aluhur, nanging wong gêdhe aja kongsi kabêsturon angêndêl-êndêlake sugih singgihe, yèn kajungkelang kêplindhês ubênging rodha sêsêr, dadi wêlasan.

Rodha b

Rodhaning ati: budi, pêcahing budi ambalêdhos pindha dhinamit kang tanpa uni, bisa mêcahake nagara tanpa kara-kara. Iki kêna kogawe pêpindhan rosaning budi, tutug cithakan ukuraning awakmu, aja malêmpênmalêmpêm. kaya rodha jêruk gulung, mung anggêre urip, bêcik ora tumitah.

Rajabrana

Rajabrana ora ginawa mati, nanging tanpa rajabrana uripe ana sangisoring pati.

Rèmèh

Aja sok dhêmên ngrèmèhake wong, mundhak gênti dirèmèhake, orane iya dicatur ala. zie W. B. rèmèh.

--- 35 ---

Rêmpah en pindhang

Aja sok dhêmên prakaran, ora bêcik, ngèlingana paribasan: sing kalah dirêmpah, sing mênang dipindhang, têgêse: olèhe prakaran kalah kabèh, sing mênang sapa? Coba takona ki jêksa: apa wêruh.

Rambut

Pangandikane Nabi Ngisa: kanisthaning wong lanang yèn nganggo rambut dawa. Dene rêrêngganing wong wadon yèn nganggo rambut dawa, sabab kaparingane (= ênggone diparingi) rambut dawa minôngka lêliruning kudhung Indj. 357-15 v. o. dadi cocog karo jaman saiki rêbut gundhul dhisik.

Rôngka en Kudhi

Zie mrangkani kudhi.

Kautaman

Zie utama.

Kinang

Wong nginang rêgane mundhak sêtèng, sanadyan ora duwe dhuwit: katon ayêm, prayogane wong wadon sing kudu nêngênake kinang.

Kunjara

Kunjaranên hawa nêpsumu, supaya kowe kadunungan pakarti [pa...]

--- 36 ---

[...karti] bêcik. D.K. 1912. no. 111.

Kuncung en Gêlung

Olèhku suwita dara mênggung: wiwit kuncung nganti gêlung, durung tau dilarakake atiku, yèn duka tibane wasita, mulane sanadyan anaa kurange pêparinging bandara aku ora nêdya nandhingake golèk pamêtu akèh ngalih pasuwitan, môngka ora, paringe sandhang pangan cukup, sarta ora duwe cipta maromangro. tingal. Liding dongèng, wong ora tau nglarakake atining wong, ditrêsnani marang sapêpadhaning tumitah.

Kêndhêla

Zie manggan

Karêp

Aja anjurungi kêkarêpan kang ora jujur, awit nyuda têntrêming ati. D.K. 1912. no. 111.

Karêp a

Sabarang kang arêp kolakoni: pikirên dhisik. D. K. 1913 no 111.

--- 37 ---

Krodha nglumahake asta

Wong sugih singgih dhêmên jaluk diajèni, iku padha bae karo wong pêkir mêskin kang dhêmên krodha nglumahake asta. Dadi ajine wong jaluk diajèni, padha karo ajine kere ngêmis, padha anjêjaluk, sêsotya karo bribil padha bae. Padha barang jalukan. Sarèhning pangaji ora kêna digolèki, sok golèka: aran krodha, mulane arahên bisane têka dhewe. Iku aruming gandane kaya lênga jêbat kasturi.

Kriya

Watêking kriya kang dadi parêbutaning akèh saking bêciking pagaweane, yèn saguh andadèkake garapane sapasar, bêgja yèn bisa rampung satêngah sasi. Ing atase wong kêsusu arêp nganggo barang bêcik, aja metung laranging opahan, sapira panjaluke aja kok ênyang, malah lunggènana manèh sapatute, nanging kôndhaa yèn ora bisa awèh êmpingan, amarga kêlalèn ora anggawa dhuwit, besuk saguhe andadèkake barang bae, kowe bali anggawa opahan ganêp, balimu amêsthi wis tinêmu dadi, nanging yèn nganggo êmpingan, malah marahi suwe.

--- 38 ---

Karêm

Manuhake marang pakarêman iku kalêbu wong kang tanpa budi, awit nikmating rasa suwene mung sagêbyaring kilat, tinohan angêntèkake rajabranane, mung malêbu ing gapura wingking. P. B. 31-v. o.

Krambil

Wit krambil gêdhe paidahe marang manungsa, suprandene manungsa ora nitèni, malah mongga-mronggolmronggal-mronggol. manggare sarta ngundhuh cêngkire ingolah gudhêg, magas janure ginawe pasrèn, padha uga pakarti ambêciki wong, ora mêsthi winalês bêcik, tarkadhang malah winalês ala, apa bêcik angalani wong, saya luput, angèl wong urip ana ing ngalam dunya, kang tinêmu gampang kang sêpi pamrih paitan rahayu.

Krambil a

Wong nandur krambil iku padha uga lan nandur anak-anaking pamulangan, bungahe bakal kêtêmu ing buri langgêng nganti tumêka ing pati. P.B. 27-6.

Kêrêng zie sabar.

Kikir

Aja sok dhêmên ngrèmèhake sarana, pêdhang ora pasah

--- 39 ---

ditamakake yèn ora ana kikir.

Kêkasihing parentah.

Wong pintêr kang kanggêp gawene ing parentah, gêdhe sêngunge, sing nganggit sanadyan ora pintêr wus tau kanggêp gawene ing parentah mung saprapuluhane wong kang kanggêp têmênan, ewadene iya wis duwe sêngung, dening duwe rumasa yèn ora ana awake: parentah bakal cêthunthungan, barêng kêsênal lagi ngrumangsani yèn parentah bisa gawe wong pintêr kang ngungkuli awake padha sanalika.

Jamane kangjêng radên adipati sumare ing Jabung, ora ana wong pintêr kaya Radên Ngabèi Jaya Endra, kêsênal diundur saka kalungguhane.

Jamane Kangjêng Radên Adipati Ridêr sumare Manang, ora ana wong pintêr kaya Radên Ngabèi Mangun Pranata. Barêng jumênênge Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV. Kêsênal dilorod kalungguhane, kang gumanti dadi kêkasih Mas Ngabèi Rêksapraja, nanging ora tutug kasêlak tinggal dunya, saiki durung ana kang dadi kêkasih têmênan, ngati-ati: ta, sing kêtiban sih, aja kongsi kêsênal. Anggêre ora nênga langit, ora-orane kêsandhung.

--- 40 ---

Katijah

Ajining têmbung bêcik, ngungkuli rêganing barleyan, aja maido, kênane Dèwi Katijah juragan brèwu ing nagara Madinah kagarwa ing andika nabi, ora saka rinoban ing rajabrana, saka mêmanising têmbung kang amêmalatsih, ngrantasake têtalining ati gumiwang marang kang dadya asih.

Katiga rêndhêng

Aja ngrêsula omahmu trocoh ing môngsa rêndhêng, awit saka luputmu dhewe kasèp ora kok bênakake, pirabara kodandani, mulane bêcik antènana besuk ing môngsa katiga bae amêsthi ora trocoh.

Kêsèd

Kêsèd iku tuking kabilaèn, sangsarane ngungkuli wong lara kang madal tômba, mung Gusti Allah piyambak kang sagêd mitulungi, patine dicêmplungake ing naraka jahanam.

Kêsèd a

Garumbuling lêlara saka kêsèd, sabên wong dhêmên nganggur adhakane ngantuk, banjur turu kang dudu mangsane, barêng nglilir karasa lêsu, malah mapan turu manèh karo ngrasakake ora kapenak ing awak, sarèhning tansah digagas, iya banjur lara têmênan, zie srêgêp.

--- 41 ---

Kêsèd b

Wong kêsèd marang pagawean, iku kaya upamane manuk lagi nêtês, uripe mung kalawan diloloh.

Kêsèd c

Pagawean kang abot dhewe iku pagawean kang ora dilakoni, nganti sakêsêling ati ora bisa rampung saka awang-awangên, dene pagawean abot têmênan kang dilakoni, suwe-suwe nganti tanpa bobot nganggur ora duwe pagawean. Iya iku bedaning wong kêsèd karo wong srêgêp, si kêsèd malah kêrêp asêsambat kabotan gawe, si srêgêp rumasane kenthengan gawe, têgêse: ora ana pagawean abot, yèn linakonan amêsthi dadi ènthèng, kosokbaline sanadyan pagawean ènthèng yèn ora linakonan iya dadi abot, dening ora bisa rampung.

Para garaping parentah aja sêsambat kakehan gawe utawa sugih pagawean: mundhak digêguyu, satêmêne iya iku kang kok golèki.

Kêsèd d

zie tabêri a.

--- 42 ---

Kasugihan

zie. sugih rupa-rupa.

Kêsusu

Kêsusu ora gêlis rampung, saya kêsusu malah ora rampung, zie W. B. kêsusu.

Kêsusu a

zie. sarèh.

Kêsêl

Kêsêling ati prayoga sinarèhake, awit yèn pinêksa bisa ngrusakake rodhaning èngêtan, (K.N. Niet. elingan) beda karo kêsêling awak, dipijêti banjur diparêmi bisa mari, ilang kêsêle, zie W. B. kêsêl.

Kêsêl a

Kêsêl iku tambane mung lèrèn, nanging yèn ora kêsêl, bêcik ora lèrèn, apa ora mangkono.

Khewan

Khewan yèn ditrêsnani sarta digumatèni, bisa malês bêcik, manungsa kêpriye, tarkadhang dadi kosokbali kaya paribasan kae: dibêciki malês ambalang tai, zie W. B. khewan.

--- 43 ---

Khewan a

Sing gumati marang ingon-ingonmu kewan kôndhangan, utawa kurungan tuwin cuncungan, aja nganti kapiran pangan lan pangombène, awit yèn ora mêngkono bisa anjalari lara utawa patine, kowe prasasat niaya kang ora kosêdya marang titahing Pangeran kang ana sajroning barungku. Pasambate ngumandhang kapiyarsa ana pangayunaning Pangeran.

Kawula Gusti

Caritane ing layang babad, antêping kawula marang gustine, ora mung sêtya tuhu bae, nganggo ngêtohake umur, lila marang pêcating nyawa, pêcahing kulit, wutahing gêtih, putunging balunge, ora watak tinggal galanggang colong playu, bungah labuh pati ana ing palagan, yèn ana ing palurugan nganti anggagrakusika linakonan kalawan lêgawaning ati: ora ngrêsula, umure lêga lila dipundhut ing ratu, dening rumasa anduwèni gêmpalaning bumi kang pinaringake dadi lungguhe.

Saiki wis mari jaman pêrang, kawula apa isih sêtya tuhu marang gustine, takonana dhewe.

Kalah mênang

Wong ngalah dhuwur wêkase: bênêr, awit têmbung: ngalah,

--- 44 ---

ora atêgês: kalah, nanging wong kalah: narima, ora dhuwur wêkase, sarèhning têmbung: kalah, ana kosokbaline, bêcik mikira gênti: mênang.

Klèlèt

Apa ana wong doyan kalèlèt, coba takonana wong nyêrèt, kiraku wêruh, êmbuh yèn kumbi.

Kapir

Sanepane wong kapir, kaya upamane pangon kang nyuwara ngucapake kang ora dingêrtèni marang kewan mung panguwuh lan pangundange bae, padhane: budhêg, bisu sarta picak, lan padha ora duwe akal, Korän art. 166.

Kêpengin

Manungsa ora bisa tinggal têmbung: kêpengin, nanging satêmêne iku dalan kang anjog marang naraka.

Kudhi

Paribasan: bisa mrangkani kudhi, iku satêmêne wong pintêr kang bisa ngêmori caturing liyan kang ora gawe panujuning atine, dudu ngêmong ratu mudha zie. Tekawêrdi têmbang wiwitan, kaca 8, iku anggone ngêmori karsane amarga wawang, utawa duwe pamrih olèha ganjaran, P. B. 20-2 v. o.

--- 45 ---

Kêmbang

Wong mêthik kêmbang ing patamanan, sanadyan ora kawruhan marang kang rumêksa, iya uga kawruhan marang atine dhewe, batine ngaku yèn katempelan rêgêd, awit jupuk baranging liyan kang tanpa têmbung, padha bae karo wong nyênyolong, prasasat kowe sinau nyolong ora kok sêdyakake.

Kabêcikan

Zie. utama.

Kobis

Wong umuk kongkulan.

Aku mêntas saka gunung Mrapi, ana ing Sêla sumurup têgalan kobis, gêdhene satampah-tampah.

Kabênêran: ane, aku mêntas saka Samarang tuku wajan gêdhene saiyan, lagi tak wêkasake anglo mênyang Sêmprongan.

Ah, aku maido, ora ana wajan gêdhene saiyan, goroh kandhamu iku.

E, aja maido: ta, têmênan kandhaku iku.

Pêrlune arêp kok gawe apa, kêjaba yèn kowe duwe pabrik aku ngandêl.

--- 46 ---

Kowe lali pêrlune, arêp dak gawe anggodhog kobis wêton Sêla kaya kandhamu mau.

Kêbul

Kêbul kang enak diulu, iku kêbuling apa, aja kok pêthèk kêbuling candu, mundhak kok coba, jarene galak sok nyokot, ampuhing wisane ngungkuli wisaning asu edan. Dadi bêcik edan cinokot ing asu banjur mati, tinimbang karo waras cinokot ing candu mayangi sadina-dina, patine ngêntèni yèn wis wurung wong.

Liding catur, aja nyêrèt. zie W. B. Kêbul.

Dana

Dana marang wong kasrakat, ganjarane ngungkuli dana marang wong pêkir mêskin.

Dandan-dandan omah enz.

Wong dhêmên dandan-dandan omah, wong rabèn, utawa wong kêrêp duwe gawe, kabèh iku dadi kêkêmbanging bilai, nanging akèh wong sing nrajang, awit nuruti ardaning ati iku: lêga, sêsêge tinêmu ing buri.

Dêrkuku en putêr

Unining dêrkuku lan putêr, asri rinungu, nelakake têntrêming ati, yèn sing duwe omah ora kurang sandhang pangan. [pa...]

--- 47 ---

[...ngan.]

Darma

Gawe kadarman sakêlare nanging aja pisan angarah baline, dilila kaya ambuwang sêsukêr, iku tuking kabêcikan, gandane ngambar tutug ing suwarga.

Durung en wis

Durung sumurup iku dudu prakarane wong kang wis sumurup.

Dewa

Kasêktèning dewa bisa ngilang lan bisa mabur, sawênèh bisa angblês ing bumi, sanadyan kêkasihe bae iya ana kang kaserenan kasêktèn mangkono, saiki ora, aja dadi atimu, zie W. B. dewa.

Dewa a

Kêkasihing dewa ing jaman purwa yèn pêrang kaudanan kêmbang, nanging jaman saiki ora mêngkono, iya kodanan banyu, ayake wis mari diasihi dewa, bêcike ora pêrang bae. P. B. 35-9 v. o.

Duwe gawe mantu enz.

Wong duwe gawe ora milang tatu, sok uga kalakon sêdyane, êmbuh dadine, tur bungahe mungguhing wong cilik mung sawêngi kurang, tatune babrak ditambani nganti pirang-pirang [pi...]

--- 48 ---

[...rang-pirang] taun ora bisa pulih, malah dadi bubrah têmahan mati. Apa ora mirisake ati ? ora. Sarta ora kêna dituturi kapringgakake ing bêcik, aja maido, kang nganggit layang iki wis tau nglakoni.

Damar

Padhanging damar mung bisa nyukupi satêbane, tur kanthi nganakake bôndha bau, pêrlune mung ginawe turu ing wayah bêngi. Suprandene manungsa ora duwe panarima nêmu padhanging wayah raina, bisa ngupaya sandhang pangan, zie W. B. Damar.

Tuna en bathi

Aja ngrêsula nandhang pituna, elinga yèn kowe tau bathi, apa kang dadi jalaraning pituna, ora liya saka alaning pagawean, kosokbaline olèh bathi, saka bêciking pagawean.

Têntrêm

Katêntrêman iku musthikaning urip, nanging apa ana wong têntrêm atine, kajaba kêbo yèn wis warêg trima anggayêmi ana ing plegungan, apa dadi bêcik kêbo tinimbang karo manungsa. zie W.B. têmtrêm.têntrêm.

--- 49 ---

Têntrêm a

Panarima iku tuking katêntrêman, tanpa panarima, tanpa têntrêm, êmpaning panarima nitèni tibaning takdire, kang mêtu saka ing istiyare, dadi ora mèri marang kabêgjaning liyan, awake tumiba ing papa utawa mulya dianggêp padha bae, awit pancèn wis pêsthine mêngkono, iku kapenaking atine ngungkuli wong sugih singgih, nanging arang-arang ana, sing akèh arda puwa-puwa, sing nganggit ora bisa nglakoni, mung lagi bisa kôndha, lowung kêna dirungokake.

Trocoh

zie Katiga rêndhêng.

Tirah

Tirah iku tambaning pôncadriya, sarta bisa marèkake larane, amarga salin pandêlêng, pangrungu, pangambu, rasa lan kang karasa, pirabara ngapenakake ati, kapenaking ati bisa marasake lêlara.

Trêsna

Katrêsnan iku awèh wisa marang kang ditrêsnani, sanadyan marang anak iya dadi punggung, apa bêcik ora trêsna bae: luput, awit nyurêsake turun kang bisa dadi bêcik, [bêci...]

--- 50 ---

[...k,] uripe ana ing dunya bakal tanpa tilas, padha bae karo uriping khewan. Golèkana wijining katrêsnan kang bisa nukulake kauripan langgêng, kaya udaling banyu umbul mili tanpa êntèk. zie W. B. trêsna.

Trêsna a

Ditrêsna marang wong bêcik atine, diwêlas marang wong kang nandhang papa cintraka, nanging aja gêthing lan aja dhêmên marang wong sugih, awit ora kêna digêthingi lan didhêmêni dening ora butuh marang kowe, bêcike madyanên bae.

Traju

Solah bawa muna-muni kang tumanduk ing liyan, têpakna marang awakmu, iku ukuran kang bêcik dhewe, dadi traju angin ora silir sarambut.

Trimurti

Trimurti iku apa ?

Nèk aku sing ngarani: bata, wêdhi, gamping.

Anèh wangsulamu.

Ora anèh, malah pitakonmu sing anèh, balik bata, wêdhi, gamping, yèn wis dadi pagêr bata: koarani apa ? mara.

--- 51 ---

Tike en arak

Durung ana kang tinêmu wong sêretan sulaya rêmbuge dadi kêrêngan, sing ana pating glênik gênti ngiyani, nyatur alaning wong suwe-suwe nyatur nagara, êndi kang lagi mênêng ngulu kêbul, yèn ngiyani erak cêkak: hê êh, nanging wuwuh mêrak ati, kosokbaline wis akèh kang tinêmu mitra darma êndêm-êndêman, sok mangkonoa bêcik wong nyêrèt, karo wong ngombe arak: bêcik dipikir dhisik.

Tukar padu

Nyingkirana tukar padu, saranane nyêgah solah bawa muna-muni kang andadèkake sêriking ati, awakmu wis ana sajabaning pakewuh.

Takdir zie istiyar

Tukang wang zie dhuwit, Lett. k. en. I

Tutuh

Nutuh wong kaluputan iku wis cumêpak ana ing lambe, yagene ora kotuturi sadurunge kaluputan.

Tutur

Wong tuwa sugih pitutur marang wong nom, dening wis tau ngalami, ananging apa wis bisa marèni kalakuane dhewe kang

--- 52 ---

ambalasar: durung karuwan, tarkadhang mung lagi bisa nuturi bae, yèn duwe karêman durung bisa ambuwang, têmbunge: ngamungna awakku dhewe kang nyêrèt, anak putuku tak supatani ora slamêt, yèn ngantia nyêrèt kaya aku, prasapa kaya mangkono iku: ta jaba anggalapangalap. mênang: ora mandi. zie W. B. Tutur

Tutur a

Mituturi bêcik iku gampang, anggêre ora dikon anglakoni dhewe.

Tutur b

a. anglairna panêmu kang têmên,

b. marsudia lêlakon kang jujur,

c. mikira panggawe kang tulus,

tanggungên awakmu amêsthi tiba ing kasur, ora tiba ing blabag sajroning gêdhong kang candhelane rinuji wêsi.

Tutur c

Pitutur bêcike ora mêsthi digugu, dening sing pitutur durung kêna diandêl bisane nglakoni dhewe.

Têtak

Têtak iku dudu apa-apa, lan ikubiku. tan iku iya dudu apa-apa.

--- 53 ---

Indj. 350-12 V.O.

Talasih

Trêsnaning anak marang bapa biyung, nêtêpi kudrate anak têlung perangan, purwa madya wusana, dhèk isih cilik paraning tungtunge atine mung marang bapa biyung, barêng wis gêdhe kabur marang wong liya (bojo) wusana gênti tuwa sarta wong tuwane wis mati, eling marang kabêcikaning bapa biyung: malês awèh kêmbang talasih. Upama nyulayani kudrat sathithik, jajal-jajal trêsna marang bapa biyung sajrone isih urip: kêpriye.

Tulung

Aja nglalèkake pitulunganing liyan, dhêdhêrên ana sajroning ati, supaya thukul wawalêsmu bisa ambalèkake pitulungane, sukur bage sèwu bisa mitulungi ing liyan awit tuking kabêcikan, manungsa winajibake didhêmên mitulungi kasusahane sapadha-padhaning tumitah. Uripmu ana ing dunya prasasat wis mancik andhaning suwarga.

Tulung a

Têtulung marang pêpadhaning tumitah iku tuking kabêcikan, nanging sing ngarang durung bisa nglakoni, mung lagi bisa kôndha bae.

--- 54 ---

Têpus

Yèn kowe bisa nandur kêmbang têpus, amêsthi bisa karukkaruk = pêntil (bakal buah). kabêcikan, suwe-suwe bakal awoh kabêgjan. zie W. B. têpus

Tadhah

Pêpalining tadhah kabutuhaning wong omah-omah sadinane, mirita piwulang Walônda Verteren naar verdienen têgêse: wêtuning tadhah: mituruta pamêtu. zie Br. 1912 no. 73.

Têmên

Wong têmên bêcik wicarane, iku pindha angganing barang adi, tibaa ing ngêndi-êndi amêsthi pinilala ing wong.

Tômba

Wong lara kudu atêtômba, nanging bêcik ora lara sarta ora atêtômba zie W. B. tômba.

Tumbak cucukan

Wong tumbak cucukan, wong para wadulan, iku setan katon, aja kongkok. pêraki.

Timbang Timbangan iku sing bênêr dhewe lumahing banyu (Water past) nanging manungsa ora dhêmên nganggo, sing dianggo timbangan sênêng [sê...]

--- 55 ---

[...nêng] parêng.

Tabêri

Tabêri iku tuking kabêgjan, watêke arang lara, rijêkine tutut, akèh kang bisa kacukupan, pirabara sugih saka pitulunging Allah.

Tabêri a

Ngrampungake pagawean, si awak wis olèh alêm saka si ati, nuli olèh alêm manèh saka wong liya, apa ora wis aran bêgja yèn wong tabêri ing gawê apêse olèh alêm ping pindho, tinimbang karo wong kêsèd, sanadyan atine trêsna marang awake, iya ora bisa ngalêm aja manèh wong liya.

Tabêri b

zie manungsa

Tangi

Tangi esuk jêmbar têbane, tangi awan ciyut têbane, bêcik êndi, pilihên sasênêngmu: kêna, zie W. B. tangi.

Tôngga

Wong ora bêcik karo tanggane iku luput, amarga yèn ala dadi mungsuh munggèng cangklakan, beda karo yèn bêcik ngungkuli sadulur kang adoh omahe.

--- 56 ---

Sih zie bapa biyung

Sunan Kalijaga

Ing layang Sastra Wursita muni: ora ana umat kang tan cacad, nanging apa ora ana cacad kang ora bisa oncat. Caritane Sunan Kalijaga dhèk nem-nemane rêmên laku durjana, ambêbegal ngadhang wong liwat ing dalan, barêng olèh pitutur nyata: mari ambêbegal banjur anglampahi kabêcikan, sarta anggêntur tapa, wusana tinarima malah dadi wali panutup, liding kôndha: ala bêciking manungsa Gusti Allah matêsi nganti tumêkaning pati, yèn ênggone nglakoni panggawe bêcik sawise ala, ingaran bêcik, kosokbaline yèn ênggone nglakoni panggawe ala sawise bêcik, ingaran ala. Anadene wong bêcik nganti tumêka ing pati kajaba para nabi wali arang-arang, kang disumurupi kang nganggit, mung Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara Ridêring Ordhê Nèdêrlandsên leyo, sugênge nganti tumêka ing seda: tanpa cacad, kosokbaline wong ala nganti tumêka ing pati isih ala: akèh bangêt, bok aja mêngkono kêpriye.

Sunat pêrlu

Kang diarani panggawe sunat pêrlu, panganggoning manungsa akèh [a...]

--- 57 ---

[...kèh] sing kêliru. Lumrahe: kabutuhan sêdinane diarani: sunat, wong duwe gawe diarani: pêrlu, mulane akèh wong tumiba ing sangsara, saka kaliruning panganggone mau, saupama winalik, kang aran pêrlu: mangan sadinane, kang aran sunat: wong duwe gawe, utawa ngêndhak kêkarêpan kang kêna sinarèhake, amêsthi ora tumiba ing sangsara, têgêse: lamun sira duwe gawe, sarta kêkarêpan, ngêntènana ananing dhuwit turahan pangan, yèn durung ana: iya ora, genea nganti tumiba ing sangsara, tanggungên awakmu. zie W. B. sunat pêrlu.

Sunat pêrlu a

Manungsa yèn bisa nyuda utawa nyirnakake karêpe kang sunat, iku bakal bisa nutugi karêpe kang pêrlu P. B. 27-5 v. o.

Sunat pêrlu b

Aja age-age ngarani mubarangsamubarang. tanpa gawe, awit sanadyan panggawe sunat sok bisa dadi pêrlu.

Sunat pêrlu c

Margane kajèn kèringan: gampang bae, angiwakna panggawe sunat, anêngênna panggawe pêrlu, wong kang sumurup sasat [sa...]

--- 58 ---

[...sat] pinarentah angajèni.

Sandhang pangan

Digêguyu olèhmu nyandhang ala, diewani olèhmu nyandhang bêcik, mangan saanane utawa muwah muwuh, satêmêne padha bae, yagene kolabuhi padu. zie W. B. sandhang pangan.

Sandhang pangan a

Sandhang pangan dudu kabutuhan gêdhe janji narima ing pandum, zie. W. B. sandhang pangan a

Sandhang pangan b

Bandara awèh sandhang pangan marang batur, aja anggêp-anggêpan, wisdupèh wis. disôngga gawene zie.W. B.sandhang pangan b.

Sandhang pangan c

Abote wong golèk sandhang pangan, timbang lan endhange wong ambuwang dhuwit, upama ora mêngkono kêpriye? Gêmang.

Sarèh en kêsusu

Bêcik sarèh tinimbang karo kêsusu, ananging pataranganing kêsusu adhakan bangêt, mulane karêping manungsa akèh sing tundhabema.

Surya, côndra, kartika

Lakune surya côndra kartika ora kasat mata obahe, [obah...]

--- 59 ---

[...e,] beda karo lakuning tudinge jam, kabèh-kabèh nganggo pantog tutug ing panggonane, bali manèh kaya maune, sanadyan umuring manungsa iya mangkono, nanging pantoge kang wêkasan: lèrèn, (mati) ora kêna pinutêr dadine urip manèh kaya jam, aja lara atimu, jam iya bisa mati yèn salah sawijining bêkakase ana kang rusak, patimu iya saka rusaking bêkakas, dijalari saka lêlara.

Sorog

Lesane wong bèrbudi iku upamane sorog sakèhing gêdhong kawruh.

Srêgêp

Witing kawarasan saka srêgêp, sasuwene nyambut gawe: wis krasa ngêlèh, dening anggane kabèh obah mèlu nyambut gawe, dadi wong nyambut gawe iku prasasat anggawa tômba kawarasaning awak, zie kêsèd.

Srêgêp a

Wong srêgêp nyambut gawe olèh kasênêngan rampunging pagaweane sarta nampani pituwasing kangelane, tarkadhang olèh pangalêming akèh, suprandene wong akèh sing kêsèd.

--- 60 ---

Srêngenge

Manungsa kang lêpas budine iku kaya soroting srêngenge kang ora kalingan mêndhung.

Setan

Wong nganggur iku dadi susuhing setan, (apa kaya manuk) setan iku cangkême mujur: mêdèni wong, (apa ora ambilaèni wong) mulane aja sok nganggur. Liding andhe: akon srêgêp nyambut gawe. zie W. B. setan.

Setan a

Golèk kasugihan aja apèk setan marang gunung Cêrme, mung sinaua mêrêm dhipêt bakal katêkan sêdyamu. zie W. B. setan a

Satru

Satru kang gêdhe dhewe kuwasane: sirnakna, iya iku ilatmu. D. K. 1912 no. 111.

Susah

Susah kêmbanging lara, lara kêmbanging pati, lara kang dadi witing kasusahan, satêmêne rèmèh bae, coba sinaua mungkur marang kadunyan, mung nganggoa sacukupe bae, amêsthi susahmu saya tipis, wusana ilang babar pisan, saka sathithik dadi akèh malah nêmu kabungahan kang anartani.

--- 61 ---

Susah a zie bungah

Sasranagara

zie Sunan Kalijaga

Sêlir

Aja ngandhakake suci lan trêsnane sêlirmu marang kowe, yèn kowe kêlamukan ing sorot wadining wadon, mundhak digêguyu. Lumrahe kang wis tinêmu, bojo dhêmên marang kowe, kowe dhêmên marang sêlir, bedane anjinging dhêmên, adoh sungsate.

Sapu

Rêgêding panggonan rêsik dening sapu, rêgêding ati rêsik dening panarima, panarimaning ati saka santosaning budi padhang. Apa ana wong bisa ngilangake panasing ati andêlêng wong kabênêran (= ora bênêr) arang-arang, mulane sinaunên, elinga yèn titahing Allah ora ana kang langgêng, bakal mati padha karo kowe, barang kang komèrèkake tininggal ora digawa, asile mèri: ala, aluwung mikira kautamaning urip kêna ginawe sangu mati, gandane ngambar têkan sawarga.

Sêpa en sêpi

voorb: puluh-puluh kêpriye olèhku ora nêmpuh

--- 62 ---

byat, wong wis tumênga sêpa tumungkul sêpi, tinimbang mati sesuk bêcik mati besuk (nêmaha marang panggawe ala utang ngêmplang, nyilih ora ngulihake) satêmêne pancèn disêdyakake, awit uriping manungsa mung butuh sandhang pangan sapele, jarit sasuwèk, sêga sapulukan, ora patut diurupi awake dadi wêwilangane wong ala.

Sapih

Tangising bocah disapih angêrês-êrêsi ati, arang sing tahan ngrungokake, nanging satêmêne ora kaya ngêrêse ngrungokake pasambate wong kampung kang dipêksa ngrupakake dhuwit dhudhuk lumpur sarta wong desa kang dipêksa ngrupakake dhuwit rukun gawe, saiki diarani wang pulisi pasambate kaya gurantang, ora piniyarsa ing parentah.

Supata

Wong dhêmên supata iku saka wis koncatan têmên, mulane sabarang cature sanadyan têmên ora diandêl ing wong. Upama sinau ora supata bae kêpriye, supaya wong gêlêm ngrungokake cature.

Sapa wêruh panuju sasat sugih pagêre wêsi.

Unèn-unèn ing dhuwur mau piwulang adi, nanging sok kaliru panganggone, kaya ta: wong dhêmên main, minum, madat [ma...]

--- 63 ---

[...dat] dirujuki: cocog, madon diiloni milu andhêmêni dhêmênane: ora cocog, nyrêngêni anak milu nyrêngêni: ora cocog manèh. Dadi unèn-unèn ing dhuwur mau kliru tampane, karêping piwulang mung tumrap marang awake dhewe, ora ngromahi karêping liyan, kaya ta: wong among tani sumurup bakal murah utawa larang pangan, katitik saka owahing môngsa yèn bakal murah: tandhane yèn bakal larang mêtokake pamêtuning sawah kang ditandho mau. Wong among dagang sumurup bakal kêndho kêncênging dagangan, katitik saka obahing jaman yèn bakal murah mêpêt, yèn bakal larang mêtokake, mangkono sapêpadhane kang aran: sapa wêruh panuju sasat sugih pagêre wêsi, têgêse: wong nyambut gawe tanpa sandhungan, ora ngumpak wong agung kang angkara murka, anggêre awake kêtrima, iku aran nasarake. Wong wicaksana êmoh ngalêm wong agung iku, yèn wani malah ngelikake, yèn ora mung mênêng.

Sêpiyun

Kawicaksananing nagara kang mêtu saka aturing supiyun, nganti bisa matrapi paukuman marang wong kang kinira nglakoni kadurjanan, sanadyan têmên, iya isih cacad, dening kawicaksananing [kawica...]

--- 64 ---

[...ksananing] nagara tumèmpèla ana lambening supiyun kang tanpa aji pisan-pisan, supiyun iku wong kang wis kaoncatan têmên sarta katêkan watêk wani ing isin.

Sêdhih

Paribasane wong kuna sêdhih iku kêmbanging lara, lara kêmbanging pati. Sapa sing gawe sêdhih, iya saka pokalmu dhewe, upama ora mêngkono kêpriye, kira-kira ora kalepetan sêdhih.

Sujana

Sujana yèn ora duwe dhuwit: butuh, nanging yèn dhêmên dhuwit: èlèk.

Sujana a

Yèn kowe dhêmên kêkumpulan karo sujana, bathi sumurup marang ajining têmbung, têmbung bêcik ngungkuli rêganing barleyan. zie Katijah.

Sajêng

Ora mung êndêming sajêng kang bisa mung mongkogake ati, êndêming kawibawan luwih saka êndêming sajêng, nganti lali yèn awake manungsa kêna ing lara pati, tarkadhang durung mati wis bali marang ajal kamulane dadi tok iyik.

Saguh

Kasaguhan iku beda karo kanyataan, kang bisa

--- 65 ---

madhakake têmbung beda sinêbut wong tuhu ing janji.

Saguh a

Kasaguhan adoh sungsate karo kanyataan, yèn manungsa ora anggampangake kasaguhan, ora diundhamana yèn ana lupute, awit bêcik ora saguh: nyata, tinimbang karo saguh: ora nyata.

Liding dongèng mungguhing manungsa sabisa-bisa clathune aja kongsi goroh, iya, utawa: ora.

Saguh b

Anjagakake kasaguhaning liyan, iku prasasat ngandêl kang ora ana, P. B.31-4.

Sugih

Wijining kasugihan saka gêmi: tabêri ing gawe, pawitane têmên, ora tau goroh pangandêling wong wuwuh-wuwuh, awoh rijêki kang ora kêna cinakrabawa nganti awake dhewe ora sumurup yèn wis dadi sugih, malah wong akèh sing wis ngarani sugih dhisik. zie W. B. sugih.

Sugih a

Kasugihan sangkane saka sathithik, yagene parane kogawe akèh. zie W. B. Sugih a.

Sugih b

Kasugihan dadi penginane wong akèh, sing sugih durung marêm, [ma...]

--- 66 ---

[...rêm,] apa ana wong marêm: ana, nèk wis katêkan malaikat Ngijrail. Dunyane ditinggal kabèh, malah barange kang ditrêsnani dhewe iya ditinggal. Apa: awak. zie W. B. sugih b.

Sugih c

Sugih singgih kalah karo kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa, sing mukti wibawa isih ngrêsula butuh dhuwit, sing sugih dhuwit kapengin singgih, sing singgih kapengin kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa, bola-bali karêping manungsa ora karu-karuwan, zie W. B. sugih c.

Sugih d

Kasugihan lan kamlaratan, saking aluse sakarsaning Allah, satêmêne padha bae. Tandhane: manungsa mung nganggo sacukupe, susah padha susah, bungah padha bungah, lara padha lara, mati padha mati, êndi sing aran beda: ora ana, sing angèl iku wong golèk panarimaning ati apa satibaning cithakane, sok mangkonoa bêcik wong nrima: ora, elinga yèn kowe tinitah manungsa wênang nampik milih saboboting awakmu, aja mung nrima anggêre urip, iku ora ngajèni marang uripe. zie W. B. sugih d.

Sugih e

Aja anjaluk kasugihan marang bulus jibung,jimbung. lambemu mundhak [mu...]

--- 67 ---

[...ndhak] bêlang putih, bêcik golèka kasugihan mênyang kali Gawe, rewangana cêgah mangan cêgah turu, tak tanggung amêsthi bakal kacukupan sabobotmu.

Sugih f

Wong sugih iku digêthingi wong mlarat, nanging bêcik sugih tinimbang karo mlarat.

Sugih g

Kasugihan têkane saka sathithik, bôngsa Cina bisa nglakoni talatèn anglumpukake iya banjur sugih, bôngsa Jawa lagi bisa andêlêng bae: lowung, sanadyan dadi tontonan sarta dadi rayahan anggêre urip, nriman: arane, jare dhuwur wêkase, bok aja mêngkono kêpriye.

Sugih h

Kasugihan têkane sarênti, yagene lungane kok gawe barêng, mulane aja ngrêsula yèn nandhang kamlaratan, dening kogawe dhewe, aja selak.

Sugih i

Kasugihan kang kalal sarta langgêng sajêge urip, iku yèn linakonan kangèlaning awak sarta rêkasaning ati, kanthi cêgah mangan turu, sarta ngiwit-iwit wêtuning kabutuhan [kabutuha...]

--- 68 ---

[...n] yèn kasugihan têtinggalan saka wong tuwa-tuwane ora dadi kalal, mulane akèh sing ora langgêng, dingati-ati pikirên lêstarine, elinga yèn kowe ora cêgah mangan turu kaya wong atuwamu kang awèh kasugihan marang kowe, mulane aja dhêmên jibar-jibur, elinga yèn iku dudu duwèkmu dhewe, duwèke wong atuwamu, arahên bisane lêstari tumiba marang turunmu, dadi kowe ora ingaran: èlèk, ngêntèkake têtinggalane wong tuwa kang nglakoni rêkasane biyèn.

Sugih j

Kasugihan kang saka laku culika, misuwuring kajèn kèringan rusak dening gônda ala ilang mêmanising bêcik.

Sugih k

Wong sugih dhêmên ngasorake awake, wong mêskin dhêmên ngunggulake awake, sanadyan yêktine kosokbali, aja kok waoni, karana wis bênêr, iya iku kang aran timbang, saupama wong sugih dhêmên dakdir, wuwuh digêthingi wong akèh, bobote dhêmên ngasor-asor, isih akèh wong gêthing, dene wong mêskin dhêmên ngunggul-unggulanengunggul-unggulake. awake pamrihe bisaa kajèn, bobote mêngkono mêksa disorake.

--- 69 ---

Sugih l

Kang diarani kasugihan linuwih, iku marêming ati: dêduwe saduwèk-duwèke. D. K. 1912 No.III

Sugih: pagêre wêsi

Zie. Sawêruh panuju.

Sugih mêskin

Aja angêmohi utawa mitambuhi jagongan karo wong ora duwe (miskin) awit sok ana paidahe mungguhing kowe, lan manèh aja pisan-pisan ngêndêlake kasugihanmu, awit kasugihanmu ora langgêng, kêna suda lungsur, tarkadhang bisa sirna sajroning sajam, kowe dadi wong ora duwe dadakan kaya kang tau koêmohi sarta kopitambuhi mau.

Sabar

Budi sabar iku tuking kautaman. D. K. 1912 no. 111.

Sabar en kêrêng

Wong sabar diupamakake bisa ngunjara setan, nanging wong kêrêng nguculake setan saka kunjara.

Sangkan paran

Mangan nginum bisane kalêbu ing wêtêng kanthi ambuwang ambêkan, [a...]

--- 70 ---

[...mbêkan,] nanging main nalika ngunthut kartu, madon nalika mêtuning rahsa, apa iya ambuwang ambêkan: ora, malah ngampêt ambêkan kang ora disêdyakake, apa sababe, takona wong kang wis mangêrti kawruh sangkan paran. zie W. B. sangkan paran.

Singgih zie Sugih c

Wèh

Ora pêrlu mituruti karêping liyan, awit mituruti karêpe dhewe bae ora kêconggah. Sing bêcik wèwèh sabisane kang winadi sarta kalawan eklasing ati, iku tinarima ing batin arum gandane ngambar têrus marang pangayuning Pangeran.

Woh

Tibaning pêntil jêruk, ora adoh saka ing wite, padha uga karo tibaning sihe panjênêngan ratu utawa kang ngasta pangawasa nagara iya marang putra wayah sarta kulawargane piyambak, lumèbère marang kêkasihe, yagene kowe duwe cipta mèri, kosêngguh ora adil, bêcik marènana sarta golèka dalaning sih.

Waon

Maoni iku panggawe kang gampang dhewe, nanging waonane [wao...]

--- 71 ---

[...nane] mau apa bênêr têmênan, durung karuwan. zie W. B. waon.

Wicara

Wicaramu kang tata

a marang wong gêdhe: dikumêt,

b marang wong cilik: disarèh,

c marang wong sugih: diprasaja,

d marang wong ora duwe (mlarat) } diwêlas,

e marang sapadha-padha nganggo duga-duga lan watara.

Wuruk

Wuruking bapa biyung marang anake, sanadyan winêlêg kaya panglolohing manuk, iya tanpa gawe ora bisa kêcanthèl, dening tanpa wisesa sarta anake sumurup yèn ditrêsnani. Beda karo wuruking guru marang murid-muride, amêsthi bisa tumancêp ing ati, dening nindakake wisesa sarta ora trêsna kaya mênyang anake. Mulane aja tan ora nyakolahake anak, zie W. B. wuruk.

Waras

Kawarasan iku wong kang anduwèni rasa ngêlèh, yagene wadhukmu tansah kokêbaki.

--- 72 ---

Waras a

Kawarasan iku ajine ngungkuli rajabrana, mulane aran gêmblung yèn wong wis sugih isih nglêting pangan kaya dhèk isihe mlarat, ora sumurup yèn dunyane: sapele tinimbang karo umure, kêjaba yèn wong bisa tuku umur, bandhane diundhak-undhakna nganti têkan ing langit.

Waras b

zie manungsa

Wirya arta tri winasis, M. N. IV

Unèn-unène iku tansah dadi padudon milih ing salah sawiji sasênênge, karêping piwulang ora mêngkono

a. wirya (ora kurang duwit)

b. arta (sugih dhuwit)

c. wasis (ora sêpi dhuwit) yèn mrojol saka wêwilangan têlung prakara mau dadi papa, (ora duwe dhuwit) ora kêna ditandhingake, kliru panêmune, awit wong wirya lan wong wasis, padha butuh dhuwit, wong arta butuh wong wasis, malah têlung prakara mau ing salah sawiji kêna rinangkêp, wirya, arta, apa: wirya wasis, tarkadhang ana kang bisa nganggo kabèh, wirya arta tri winasis, iya iku panjênêngane piyambak, M. N. IV. Yèn wong ora

--- 73 ---

wirya, ora arta lan ora wasis, aran wurung wong.

Wada zie Alêm c en d

Wadi

Aja sok dhêmên simpên wadi, mundhak ngandhut sumêlang, utawa kêpêksa duwe ati ora prasaja, ananging yèn lèrwèh dhêmên ngandhakake wadining liyan, suwe-suwe ngandhakake wadining dhewe. Golèkana karêpe piwulang iki. Yêktine yèn wadi ora kêna sinumpêt, apa ana wong simpên wadi ngungkuli wong dhêmênan, sukêt godhong ora krungu, suwe-suwe kêtitik saka sambang liring, nanging isih kêna diselaki, Gusti Allah ora sare sagêd paring pratôndha yêkti, pamêlèhing pamukire, kang winadi suwe-suwe katon ana ing wêtêngan. Têgêse: kowe ora susah ngandhakake wadining liyan, kang duwe wadi bakal kôndha dhewe, êmbuh enggal lawase, iku wis mêsthi, iya iku têtêping unèn-unèn: ala kêtara, bêcik kêtitik.

Wadi a

Wados ingkang wontên ing kula, kados upaminipun wontên salêbêting kamar ingkang dipun kancing, ical sorogipun. zie 1001 N.I. 165-7

--- 74 ---

Wadi b

Wadimu aja kowartakake marang wong kang wis ngumum ora wêruh ing duga prayoga, sabab wong kang kaya mangkono iku: ora bisa nyimpêni wadi, nanging aja sumêlang kowe amartakake wadimu marang wong kang bijaksana, wêruh ing duga prayoga, sabab mêsthi bisa simpên wadi. zie 1001 N.1. 165-2.

Wadi c

Wadimu kêkêrên, aja kotuturake marang uwong, awit yèn kawartakake, wadi iku ucul saka ing pasimpênan. Yèn wong ora bisa nyimpêni wadine dhewe, dibalakani wadine wong liya manèh bisaa nyimpên. zie 1001 N. I. 164-10

Wêdi

Wêdi têrusing ati marang wong atuwa-tuwane sarta marang gurune, iku musthikaning anak, zie W. B. wêdi.

Wit

Wit-witan gêdhe gawe kuru utawa patining wit-witan cilik sacêdhake, manungsa apa iya mangkono. Coba matura marang wong gêdhe kang ngasta pangawasa nagara, kêpriye panganggêpe marang wong cilik ing desa.

--- 75 ---

Wisa, udud

Wisaning udud, yèn kêbule disêrot, nanging wong nyêrèt ora mung disêrot, malah diulu, dadi wis anjarag nguntal wisa.

Wisa, olah-olah

Wisane wong olah-olah ora wani bumbu, rasane cêmplang.

Wisa, omah

Wisaning omah yèn bature ora dhuwur, anyêsing jarambah nuwuhake lêlara.

Wisa, omah-omah

Wisane wong omah-omah yèn ora tata sarta ora rêsik.

Wisa, kinang

Wisaning kinang yèn kakehan ênjêt, bengorên amlêpuhake daging lambe ing jêro, sarta anglidhasake ilat.

Wisa, kônca

Wisane wong kêkancan, yèn ora rukun.

Wisa, duwe gawe

Wisane wong duwe gawe yèn tinggal bobot.

--- 76 ---

Wisa, têtak

Wisane bocah têtak, yèn langkah ngumur 15 taun, kang genjah sok mêncarake wiji sadurunge diwasa.

Wisa, tulis

Wisane wong nulis yèn dijak caturan, mulane aja ngajak caturan wong nulis.

Wisa, sunat

Wisane bocah wadon sunat, yèn langkah umur 10 taun: saru dinêlêng.

Wisa, samadi

Wisaning samadi yèn carobo tindak tan apik P. S. 90 1.

Wisa, sêmbrana

Wisane wong sêmbranan, yèn kêsêron bisa minggêtake ati, tarkadhang dadi sulaya.

Wisa, waras

Wisane wong waras: yèn anggranyah, gampang kêcandhak ing lêlara.

Wisa, wadon

Wisaning èstri kalamun uwis, kalaraban uwan dadi wisa. P. S. 90-6.

--- 77 ---

Wisa, lanang

Wisaning wong lanang mungguhing wong wadon, yèn ora awèh guna kaya.

Wisa, lara

Wisane wong lara yèn kêlêbon rijêki sadurunge waras.

Wisa, laku

Wisane wong lumaku yèn wis kêsêl, aja dibacutake.

Wisa, prawan

Wisaning prawan yèn ngumur 18 taun ora dilakèkake.

Wisa, pangan

Wisane wong mangan yèn tan gêlis lêbur. P. S. 90-2.

Wisa, dhuwit

Dene wisaning ngagêsang, tanpa arta, saujare nora dadi, karêpe tan katêkan. P. S. 90-4.

Wisa, jaka

Wisaning jaka yèn ngumur 24 taun ora dirabèkake.

Wisa, mandi

Wisa kang ambêbayani, iku kalakuan ala, bisa angrusakake jênênge nganti tumêka ing pati, sanadyan calathu bênêr, iya ora dipracaya, aja manèh clathu luput: oraa disujanani.

--- 78 ---

Wisa, banyu

Wisaning ngombe banyu: yèn rêgêd, ngombe inuman: yèn palsu.

Wisa, bojo

Wisane wong bêbojoan, kang lanang: ngiwa, kang wadon sèdhèng.

Walônda

Kasugihaning Walônda angêmpakake budidaya, lambaran kapintêran sarta rukun anganakake dhuwit pawitan saka urunane wong akèh, (kompanyon) kang dadi lesane: wong Jawa, pinêrês kringête nganti apuh: ora inguwisan, sanadyan awake wis anggagang aking iya ora winêlasan, dening wong Walônda sumurup marang watêking wong Jawa: narima ing pandum, mung kinêpyuran pangan sajimpit, rumangsane wis akèh, pinangan sagrabyagan wis warêg, sesuk olèh manèh. Dadi olèhe ora duwe piwêlas: bênêr, padha uga karo manungsa olèhe ora amêlasi marang kêbo sapine, dimagawèkake sabên byar, yèn lêleda sathithik bae pinupuh wani, mung anggêre mêngko dipakani warêg: wis cukup, awit ora duwe laran atèn. Mangkono

--- 79 ---

uga wong Jawa, sanadyan cinara kêbo sapi iya ora lara atine, wani-wanine nyatur: Walônda kêras, ora mêsaki marang wong Jawa. Apa wong Jawa isih padha karo khewan, karêping piwulang ora mangkono, duwea laran atèn, dadi wong pintêr, saka sih wilasane kangjêng guprêmèn, dipadhaa kaya abdine piyambak, aja kongsi wong cilik byuk-byukan pijêr pepe marang nagara sambat kabotan gawe.

Wêlas

Rupa utawa swaraning manungsa kang bisa nênarik runtuhing ati nganti wong iku katon mêmêlas, iku thukul saka kudrate dhewe, yèn digawe, malah dadi kosokbaline, katon nyênyêngit. zie. W. B. wêlas.

Wulang

Piwulang bêcik tanpa gawe mungguhing wong ala, nanging wong bêcik tanpa piwulang bêcik wis bêcik dhewe. Lah apa gawene gawe piwulang bêcik? Konên nganggo dhewe bae. Apa kang nganggit iku durung tau nglakoni, pitutur kang tinuturake iku? Mênawa. Sok mangkonoa wong nganggit piwulang iku gampang: nanging ênggone nglakoni sing angèl, dening sing nganggit piwulang durung mêsthi yèn wis tau anglakoni dhewe [dhe...]

--- 80 ---

[...we] apa kang winulangake, suprandene isining layang kabar kêbak piwulang. Bèn, aja kuwatir ora-orane digugu. Ana piwulang ing dalêm kabar: rukun agawe santosa. Iya bênêr dhasar unine mêngkono, nanging mung ana ing lambe, bae, ora têrus ing ati, môngsa bisaa ngêlus atine wong Madura yèn kataman ing têmbung sêngak bisa sabar, mari brangasan, mangkono uga ngêndhak atine wong Surakarta mari duwe watêk umuk, lan ngelikake atine wong Mataram mari duwe watêk dhêmên ambêbujuk, kaya kang wis kiniyas dening pujôngga ing jaman kuna, yèn kowe maido wêcane wong pintêr, padha uga karo kowe maido watêking kudratullah.

Pinuji dhatêng ingkang nganggit dadosa kosokwangsul, dening lingsêm dipun ina.

Wulang a

Manungsa iku akèh kang bisa mulang muruk murih sabar tawêkal lan narima, nanging apa sababe ora dilakoni dhewe. Coba takona lirih-lirihan yèn panuju mulang kae.

Wulang b

Wong kang ora anggugu piwulang bêcik, iku prasasat nadhahi [na...]

--- 81 ---

[...dhahi] rubuhe kayu gurda, ngandêle yèn wis anglakoni, apa kowe dhêmên mangkono.

Wêdhon

Wêdhon iku jarene wong wadon ngibadah mati kêsasar, mulane nganggo rukuh putih, mêdèni têmênan, idune ampuh yèn ngidoni wong: lonyoh, tujune arang katon sarta lagi kandhaning wong bae, nyatane kang kasat mata dhewe durung karuwan, ananging sanadyan nyataa, satêmêne isih ampuh idune wong warasan kang kêcêdhak ing ratu utawa parentah gêdhe, idune ala bisa murungake wong, mulane aja wani-wani, dene idune bêcik mung diidokake marang anak putu lan sanak sadulure dhewe.

Wiji

Thukuling wiji sawi ora bisa dadi têki, ewadene saka lêpase budining manungsa, dadining manungsa sapisan, saka thêthukulan lêmbut, banjur mancala warna dadi khewan cilik, suwe-suwe dadi khewan gêdhe, nganti dadi orang oetanorang oetan ditulis dengan huruf Latin. utawa kêthèk, wusana banjur dadi manungsa bodho, mundhak-mundhak dadi manungsa pintêr.

Saupama wijining manungsa sapisan nyata saka thuthulanthukulan. lêmbut,

--- 82 ---

balik sing nyimpang mancala warna dadi gajah: apa, apa babi jlêg dadi gajah, dene duwe irung mèmpêr tlale, kur kari muwuhi gadhing bae.

Tak rasa-rasa kurang kapenak yèn wijining manungsa sapisan saka thêthukulan, bêcik saka eyang Kangjêng Nabi Adam, sarta ibu Kawa, mung kuciwane sathithik dene nganggo cuthêl, ingkang rama ibu Nabi Adam, ora ana, zie elok, bov. dene sing bêcik dhewe dadining manungsa sapisan iku saka si bapa lan si biyung, mandhuwure saka si kaki lan si nini, sabanjure mandhuwur manèh, êmbuh nganggo pantog, êmbuh ora, Allah kang luwih wikan, cuthêl. zie W. B. wiji.

Wayangan

Aja dhêmên caturan karo wong lamis, mêmanise mung tumèmpèl ana ing lambe, ora têrus ing ati, cature nêngsêmake, kasaguhane kaya kêna-kênaa pinêsthèkake, nanging luput ciptamu, unine mung lêlawora, padha karo kowe nubruk wêwayangan.

Wayangan

Wayangan tansah rumakêt ing rupane, sanadyan tanpa rupa (budi) iya dudeduwe. wayangan, budi ala kêtara, budi

--- 83 ---

bêcik kêtitik, sarèhning ora kêna diselaki, pêrlune apa nganggo budi lamis, batine ala, laire bêcik, awit yèn wayangane budimu ala, ora bisa malih dadi wayangan bêcik.

Wibawa mukti

Wong wibawa mukti dikapengini, sing wis wibawa mukti ora ngrumangsani, atine isih arda, golèk wuwuhe manèh, kasêlak tinagih ing jangji: mati. Sok mangkonoa têmbung: wibawa mukti mau, mung ana unèn-unèn bae, sipating manungsa ora bisa oncat nandhang susah lan sinung bungah saukuring awake, dening ora ana wong sing bisa ngrasakake wibawa mukti, cacak panjênêngan ratu isih kaslendhangan ing duka cipta, wujude:

a. nandhang susah sajroning sugih singgih,

b. duwe bungah sajroning papa sangsara. Wong sugih kang wis ora bisa metung dhuwite: ngalèlèh ana ing paturon, bingung golèk usada pramati kang bisa marasake larane kang wis madal tômba, para tabib wis padha sèlèh ora kaconggah ngusadani. Bujang mikul salang nyambi rêngêng-rêngêng ana ing dalan.

--- 84 ---

Wong edan

Ana wong desa eram andêlêng omah gêdhe kang lagi didandani, pitakon marang wong nagara, nanging disasarake, têmbunge:

Niki griya badhe didamêl napa: la, mas, têka sêmèntên agênge.

Arêp digawe romah sakit panggonane wong edan kang saka desa ingadesa.

Ênggih cêkapan nèk sêmèntên niki, nanging nèk diênggoni tiyang edan ing nagari ngriki: môngsa cêkapa.

Liding dongèng aja sok ngêsorake marang padhaning wong, awit bisa uga kowe gênti dadi asor luwih saka asore wong iku, saka lupute clathumu dhewe.zie Br. 1912. No. 73.

Wong ayu

Anêrak tatakrama sathithik mandêng wong ayu satêmêne ora pati luput, awit bêcik picak tinimbang karo mêlèk yèn ora kêna andêlêng wong ayu, jare wong ayu iku kêkasihing Allah.

Wong nom

Rahayu wong ênom kang kalis ing godha rêncana, balik [bali...]

--- 85 ---

[...k] wong-wong tuwa kang lèngkèt ing godha rêncana, iku pangilone pêcah, ora sumurup yèn kulite wis ngalinthing.

Wong nom a.

Wong ênom yèn anduwèni melik marang têtinggalane wong atuwa-tuwane, iku tuking budi ala, awit ing batin dhêmên tininggal ing wong atuwa-tuwane mau, dadi ngajap kang ora bêcik, anggege môngsa, iya iku kalakuan nistha. P. B. 29 1.

Wong nom b.

Rahayu wong ênom kang doyan gawe atine bêcik, nandhang papa cintraka sarta bêtah nahanake sangsarane awak, satêmêne iku dalane kamulyan ing têmbe, dadi sajrone anglakoni papa cintraka mau: pêrlune sinau ngambah dalan angèl, ênggone arêp ngambah dalan gampang, mokal yèn wong ênom mau ora nêmu bêgja kari, dening wis tau anglakoni cilaka dhisik zie wibawa mukti.

Ms. Ng. Rêksadipraja.

Wong tuwa en wong nom

Pituturing wong tuwa marang wong ênom, sayogya dilakoni, amarga si tuwa wis tau ngalami yèn lakune si ênom mangkana iku nyimpang saka garising bênêr, bakal [ba...]

--- 86 ---

[...kal] tumiba marang luput, balik si tuwa ênggone awèh pitutur aja mung saka gampange ngobahake lambe bae, yèn kalakuane dhèk ênom, mangan, nginum, madon, madat sarta main durung dimarèni, sayoga ora pitutur bae, dene wong ênom kang anduwèni watêk kaya watêke wong tuwa, iku musthikaning budi, amêsthi bakal ora kêduwung uripe.

Wong wadon

Aja nyumiyah marang ajine wong wadon sêtya, luwih manèh nandukake pangrimuk mungguhing kaapêsane. Wong lanang utama pilaur mati karo nrajang larangan ngundhuh wohing pare wana dudu tandurane, nyamah kautamaning wadon, awit yèn nganti kalakon mangkono, awakmu ala kogawa mênyang ngêndi-êndi, ora pisah-pisah nganti tumêka ing kubur, mulane bêcik matia sadurunge ala awit uripmu ana ing dunya mung sapisan.

Wang pulisi zie sapih

Wong mênêng

Aja gumampang ngêculake wicara panacad sarta pangalêm, luwih manèh amêmaoni, awit wicaramu mau durung mêsthi bênêr, sing mêsthi panacadmu: wis gawe sêrik, pangalêmmu awèh

--- 87 ---

wisa, waonanmu: ora digugu, êndi kang aran bêcik, kabèh ala, kang sayoga mung mênêng. Wong mênêng iku musthikaning urip, katon ngumala pindha sotya sinarawèdi, sabên muni mung satêmêne.

Wong mati

Van de dooden niets dan goed. Mênawi angrêmbag tiyang kang sampun ajal, sampun ngantos ngudhal-udhal awonipun, ngrêmbaga saenipun kemawon. Zie D.K. 1912 No. 9.

Darmo kondho vooruit.

Wong ngalah

Unèn-unène: wong ngalah dhuwur wêkase, iku nyata, ora ana wong kêduwung gone ngalah: ujar sakêcap laku satindak, ewadene arang sing gêlêm anglakoni, upama dicoba sinau ngalah kêpriye, aja sumêlang yèn bakal ilang êmut-êmutanamu intên, têgêse uni ala kang sumimpên, isa malih dadi bêcik, sumorot kaya cahyaning intên, beda uni ala kang wis kawêdhar, bali angrusak awak tanpa aji.

Wong ngamuk

Ana wong ngamuk wis olèh pêpati wong loro, gawe [ga...]

--- 88 ---

[...we] gègèring ngakèh, lawanging omah padha ditutup, wêdi yèn kêlêbon wong ngamuk iku, kawruhan marang Walônda patroli, si pangamuk dibêdhil mati ngênggon, ora suwe wong kampung têka ambrubul, ana sing gawa tumbak thrathak-thrathak banjur numbak wêtênging bangke: gèwêl, karo sumbar: borot wadhukmu, sawênèh anggawa bêdhil mung diathungake ing bangke dening kêlalèn ora anggawa patrum, sumbare: mèh wae kowe mati ping pindho, diangrêmi widaran timah, sing tandang kari dhewe anggawa pêdhang ligan, ngêsuk panggonan karo muni: mêngko tak pêdhange gulune, lah, dene iku ora susah tak tibani pêdhang wis jidêng. Samono kakêndêlaning wong Jawa, kalêbu sing nganggit.

Luhur

Kaluhuran iku karsaning Allah mung kadarbe putra wayahing ratu, yagene sok duwe kalakuan èlèk. Zie W.B. luhur.

Lanang en wadon

Enak wong lanang karo wong wadon mungguhing agama Mukhamad, awit kêna wayuh, nganti ping pat, sarta duwe pangwasa mêgat bojone tanpa prakara, mung saka wis bosên.

Iya, nanging yèn sêmbada.

--- 89 ---

Sanadyan ora sêmbada, iya mêksa enak dadi wong lanang, awit iya ana wong lanang ora sêmbada bisa wayuh.

Iya bênêr, nanging olèh paraban: wayuh kêndhil.

Prakara unining wong ora ana gawene dirungokake.

Kêjaba: ta, yèn imul, iku wis luput cinatur.

Lanang wadon

Ora ana wong kang ora duwe grêgêd dhêmên marang wong ayu mungguhing wong lanang, sarta duwe grêgêt dhêmên marang wong bagus, mungguhing wong wadon, awit wis kudrating manungsa sumurup marang ala bêcik, mungguhing wong lanang sanadyan wong tani yutun, apa tani bêntil, kaluthêk iya duwe, dadi wong brancah iku wong kang bisa nuruti ardaning atine, dening tanpa pakering sarta duwe wisesa, kosokbaline wong tani, ora bisa nuruti ardaning atine dening duwe pakering sarta kawisesa, êmbuh karoban bôndha, êmbuh kalah prabawa, ing salah sawiji: mêsthi, dadi têpusing manungsa: padha, aja eram panjênêngan ratu sugih putra nganti pêpuluhan, iku mung dening akèh babone, wong cilik iya ana kang sugih anak, dening bisa wayuh loro [lo...]

--- 90 ---

[...ro] têlu. Mungguhing wong wadon, kandhêge dening kapalang ing tatakrama, yèn kelair: ingaran wong ala, beda karo wong lanang, wayuh ora aran ala, sarèhning tundhone wong wayuh, luwih manèh wong madon ora bêcik, kajaba mlarat turune akèh kang kêtiwar, nyangking marang jênênge, ora bisa ilang ing salawas-lawase, bêcik bojo siji bae, awit yèn bojo loro isih kurang, têlu saya kurang, sabanjure ora duwe marêm nanging kang nganggit layang iki mung lagi bisa kôndha bae, durung sinau nglakoni.

Lanang wadon a

Paugêraning priya lan wanodya,

a. kukuhing budi dumunung ing priya, asrining solah bawa dumunung ing wanodya,

b. Priya mêngku sarta ngêrèhake karsa, wanodya kang susila nglilihake priya.

c. Priya nyênêngake wanodya, winalês wanodya asih ing priya, iku têtêp rahayune wong asêsomahan.

Lintang zie Yupitêr

Landhêp.

Landhêping gêgaman saka diasah ing wungkal, landhêping

--- 91 ---

budi saka gêgosokan kawruh, yagene kowe isin takon tiron supaya mundhak kawruhmu, aja malah dhêmên kôndha angêcuwis mung murih dialêm pintêr, para sujana malah angarani bodho marang kowe.

Lara

Lara iku sing karasa lara atine, dudu awake sarta yèn tibaning lara abêbarêngan, kang karasa lara kang bangêt, kaya ta dicakot ing sêmut gêni barêng lan diantup ing kalajêngking, sing karasa lara panggonaning antup.

Laku satindak

zie basa en laku

Latêng

Wit latêng yèn ora nuli dirampas, bakal mrajak tuwuh angômbra-ômbra. Ora beda karo pakumpulaning durjana, yèn ora nuli dirampas, iya bakal mrajak angêbaki praja.

Luwas

Wong ora bisa sumurup luwase sandhang pangane kang dianggo sabên dina, wiwit anyar, masêm, luwas nganti rontang-ranting, sumurupe iya mung kaya mêngkono bae, dadi ora sumurup sudaning luwase sabên dina saka sathithik,

--- 92 ---

suprandene sok kumênthus ngaku awas, bisa mêthèk wêwêtênganing bojone bakal mêtu lanang utawa wadon, yèn kabênêran pamêthèke: awas, yèn ora: ora apa-apa.

Lêlaran

Aluwung ngluwari wong satus kang dosa, tinimbang ngukum wong siji kang ora dosa. T.P. 1908. No. 4 Soeleiman.

Lipur: Panglipur

Anglipura atining wong kang nandhang papa cintraka, aja pisan malah anutuh, awit prakara kang wis kalakon, ora bisa bali ing salawas-lawase, têgêse nutuh wong kaluputan, iku nangèkake kaduwunging ati kang lagi rusak, yèn nganti kawêtu pasambate tumiba ing kowe, bisa dadi wêwêlak, ing atase awakmu: manggan ngarani ala.

Luput

Kaluputan kang wis diakoni bêcik diapura, nanging kaluputan kang ora diakoni: bêcik diukum, iku paidah panarimaning atine wong kang anglakoni paukuman.

Kangjêng Guprêmèn, nganggo anggêr wong kang kurang panarima nyuwun ènthèng paukumane: malah diboti.

--- 93 ---

Luput a

Andhêngakake kaluputaning liyan ana ing pasamuwan, iku wong tinggal duga prayoga. P.B. 30-1 v.o.

Layang Kabar

Layang kabar iku satêmêne dadi cêcoloking praja, konangane priyayi garap kapatihan, nyolong dhuwit, iya saka layang kabar, nanging sok nyalomot marang priyayi gêdhe kêkasihing ratu utawa rêksakaning praja kang padha duwe laku ora bênêr, kaya ta: ngarani: mêdal gapura wingking, têgêse: nampani bêsêl, mulane disêngiti sarta dianggêp mungsuhing praja.

Lumrah

Kalumrahan iku angèl buwang-buwangane, kaya ta: wewehan Suran sarta Ruwahan sapêpadhane, awit yèn ora gêlêm wèwèh-winewehan, diarani: ora lumrah, mulane arang kang gêlêm ninggal kalumrahan mau.

Lamis

Wong lamis iku lambene bêcik, atine ala, kandhane iyanana bae. zie W.B. lamis.

Lamis a

Aja nandukake basa lamis, sabab iku anjalomprongake, [anjalo...]

--- 94 ---

[...mprongake,] mulane yèn kowe katandukan basa lamis: diprayitna, awit yèn lena bisa andadèkake karusakan.

Lambe

Nutuh wong kaluputan, ngalêm wong kabênêran, iku mung dadi kêmbanging lambe. zie W.B. lambe.

Labêt

Ngêtohake umur labêt marang Gusti, iku pêpêthinganing kawula, sanadyan tumêka ing pati arane bakal misuwur ing salawas-lawase.

Puhan

Sapi wadon yèn manak dipuh banyu susune dening juru pangone, saking manggane kongsi kimpès, mulane diarani: puhan, pêdhète nganti kuru dening ora warêg ngombe banyu susu saking dicumpi, mangkono uga biyangne kuru dening pinêrês sadina-dina tanpa lèrèn. Apa kang mèmpêr pakarti iki, coba pitakona wong sugih kang panggaotane gadhe, kêpriye panganggêpe marang wong meskin kang padha asok bulu bêkti marang awake.

Paidah

Aja ngênêngake cipta kang makolèhi, lan aja dhêmên nganggur [ngang...]

--- 95 ---

[...gur] kang bakal nuntun marang kamlaratan, balik nyambut gawe kalawan trajuning ati tinampan pramananing mripat, kang bêcik pinilih, kang ala tinampik, yèn kêlakon mangkono: sabarang pagaweanmu amêsthi maidahi wong akèh, kowe kalêbu ing wong akèh, dadi iya olèh paidah.

Pait

Paiting butrawali ngungkuli paiting godhong mêniran, dene kang pait dhewe, cature wong mlarat, mulane aja mlarat, golèka setan marang gunung Cêrme, jare bisa nyugihake, nanging patine diarad ing dhêmit, apa ora prayoga golèk kasugihan saka pangupajiwa bae, sanadyan pakolèhe sathithik, nanging ambrêkati.

Pèn

Landhêping pèn bisa ngalahake landhêping pêdhang.

Pôncandriya

Pangwasaning mata: andêlêng, kuping: angrungu, irung: angambu, ilat: angrasakake, awak: karasa,

--- 96 ---

padha rumagang ing gawe ora wor suh nganggo pranatan bêcik, kaya ta: andêlêng wong ayu: kupinge ora kêpengin. Angrungu unining gêndhing Gambirsawit, irunge ora bisa nyêrot. Angambu burat wangi, ilate ora milu ngrasakake. Amangan lêgi gurih, mung dirasakake ing ilat dhewe. Apa ora wis nyukupi yèn yêktining kawruh mung sawiji, tumiba marang têlênging ati.

Êndhase ora butuh mata, mêngkono uga mata iya ora butuh êndhas, sabab apa yèn êndhase ditabok: matane nangis, iku iya nelakake yèn peranganing awak kang tanpa wilangan têlênge mung siji.

Sarèhning kawruhing Allah pêncar angêbêki jagad, kang sayoga mung bisa asangu kawruh sawiji kang sampurna, kaya kawicaksananing pôncadriya, liyane mung dadi samiran, anggêre wis ngambah: wis.

Pintêr

Wong pintêr gêdhe prayitnane, mulane ana piwulang: bodhone dinèkèk ngayun, saking wêdine luput, dene wong bodho narimaa rinèh ing wong pintêr, yèn kakehan [kakeh...]

--- 97 ---

[...an] polah malah kêtlêkuk lêbu ing pasangan.

Pintêr a

Aja sok jagakake kabêgjan saka kapintêranmu, akèh sing malèsèd, bêcik anjagakake pitulunganing Allah, awit kapintêranmu mungguhing Allah: sapele.

Pintêr b.

Urip tanpa kapintêran, iku kaya angganing godhong jati aking kasapu ing angin, saparane ora ana wong kang nêdya ngukup, yèn nyêpêti pandêlêng: dèn obong, bêgja-bêgjane mung kêna ginawe wungkus rambak.

Pintêr c.

Aja sok dhêmên ngungasake kapintêran, awit titahing Allah angêbêki jagad padha kadunungan kapintêran dhewe-dhewe.

Pintêr d.

zie manungsa

Pandhita ratu

Unèn-unèn: sabda pandhita pangandikaning ratu yèn wis tumiba ora kêna owah. Ana têtuladane nalika jumênêng dalêm, P.B. VII ana ondêr upsir malarat, wis ora bisa mara seba, dilalah ing sawiji dina ingkang sinuhun [si...]

--- 98 ---

[...nuhun] kangjêng susuhunan, ngulawisudha ondêr opsir, utun dalêm nyai tumênggung kêliru olèhe andhawuhake timbalan dalêm, marang kolonèl komandhan, ondêr upsir kang malarat mau kang winisudha, nganti agawe orêging pasewakan, awit sulaya karo panyuwune kolonèl komandhan, sanadyan mangkono iya dilêstarèkake, sarèhning ondêr upsir mau ora seba: banjur didhawuhake marang omahe panuju turu banjur digugah, kalakon didhawuhake dadi upsir, barêng konjuk kauningan ing sampeyan dalêm, kacathêt sajroning galih yèn olèhe andhawuhake nyai tumênggung kliru, nanging ora dibatalake sarta ora andadèkake dêduka dalêm, barêng ing dina Sênène manèh: misudha marang upsir kang bênêre disuwunake, sarta mundhut balining arane upsir kleron, diparingake marang upsir anyar, opsir kleron, kaparingan liru kaarana: Radèn Mas Panji Jayasupêna, (dening lagi turu winisudha) iki têtêping unèn-unèn ing dhuwur mau: sabda pandhita pangandikaning ratu.

Pacangan

Pacangan iku tumanêm ana tungtunging ati, tansah katon gawang-gawangan, tarkadhang kèpi sajroning turu, yèn wujuda [wu...]

--- 99 ---

[...juda] woh-wohan, kaya diklêthus-klêthusa. Barêng wis kalakon dadi bojone salin salaga, mari dhêmên, kapengin liyane, wong lanang banjur nandhing milih dening duwe wisesa, wong wadon: ora, mung mandhêg batin, dening kawisesa, nanging yèn wani ngêmbari inganggêp ala sarta ingaranan: jina, balik wong lanang: ora ala lan ora jina, enakane, lah kêpriye kapenake mungguh ing agama Jawa, dipikir dhisik.

Pacangan a

Panêmbung alus, winangsulan panjaluk alus.

Nyawa saiki aku wis bisa angrêbut bètènging atimu sarta anjugrug temboking katrêsnanmu.

Sukur wong prak ati, nanging aja kuciwa ing sêmu mêngko yèn aku ditakoni marang wong atuwa-tuwaku: pira mimising bôndha kang ginawe ngêdrèl katrisnanku mau, (anjaluk tukon) wangsulanku kêpriye. zie Br. 1912 No. 73.

Prênjak zie gagak

Parentah

Parentahe wong atuwa-tuwamu, tuwin gurumu, apadene parentahing nagara, mung wajib tinurut sarta banjur dilakoni, [dila...]

--- 100 ---

[...koni,] yèn duwe panêmu parentah iku luput sarta ora andadèkake sarjuning atine: katêmu ing buri, kêna duwe atur sawuse anglakoni, dadi ora aran: madal parentah. zie W.B. parentah.

Parawadulan

zie tumbak cucukan

Prewangan

Dhukun prewangan iku jarene awas, nanging bêcik aja kok gugu, watêke sok jaluk dhuwit, kaawasane sok malèsèd.

Pêrlu

Isining jagad kang diarani: pêrlu, mung ana pagawean saprakara, suwene kêna diupamakake mung sagêbyaring kilat, suprandene ditohi pati, dening apa?. Dening pêrlu rinoban ing mêmanis, ilang mêmanise iya ilang pêrlune, mulane sing nganggit ora maoni marang wong anom amburu pêrlu, saka wis tau angalami, sarèhning suwene mung sagêbyaring kilat, prayoga ora ngêtohake umur, umurmu mung cumpèn, ora duwe patêlêsan, kapenake bêcik nyarèhake karêping ati.

--- 101 ---

Paribasan Holl

1e. Overleg is half werk.

Wong dhêmên anggagap, ngeka dasa, ngrêrantam iku padhane kaya wong anggarap pagawean wis olèh saparo, (mônggasesa).

2e. Een draadje per dag is een hemds mono per jaar.

Sadintên saslundupan, sataun angsal rasukan satunggal (upamane rayap).

3e. Gesta dige druppel holt de steen uit.

Tètèsing banyu ajêg, bisa andhêkokake watu itêm.

4e. Langzaam aan dan breekt de lijn niet.

Tandang kêndho ora bisa nugêlake garisan, (klêmar-klêmêr ngidak têlèk ora pèndèng) clathune buta cakil marang Radèn Arjuna.

Pitakènipun Radèn Ahmad ing Gêdhong Tatakan (Blitong).

R. Achmad Gedhong Tataän Blitong. Voor Mardibasa.

Padu

Yèn ana wong padu mung ditonton bae, malah tanggane ngobong klasa amoh, supaya dadi padune, apa

--- 102 ---

ora mêngkono.

Padu a

Wong padu sanadyan wis rumasa luput, iya ngaku bênêr, muni sawêtu-wêtune, saupama nganggo anggêr kang kinandhut ana sajroning wêtênge, kang luput ya ngalah, awit satêmêne wis sumurup marang kaluputane, ananging sarèhning wis têtela mangkono, bêcik kang bênêr bae kang gawe karampungan: ngalah, wong kang ngrungu padha ngarani: pintêr: apa bêcik diarani: bodho.

Pati

Pati iku panggonane wis cumêpak, sarta ora tau pisah sarina sawêngine, mulane yèn têka dumrojog tanpa larapan, banjur roda paksa mêthot nyawa, suprandene sajroning uripe tansah mitambuhi, sumurupe yèn arêp mati wis kasèp, zie. W.B. pati.

Pati a

Pati siji jare dalane sèwu, suprandene manungsa ora gigrik, tandhane: ora tau ngrasakake pati, ngrasak-ngrasakake yèn wis ngalèlèh ana ing paturon, malah sajroning ati ora rumasa yèn bakal mati, sanadyan wus kaki-kaki atine isih nom, mulane ana têmbung:

--- 103 ---

ora nyêbut. Zie W.B. pati a

Pati b

Rasaning pati kang munggah suwarga jarene nikmat lan mupangat, ngisore ana bangawane mili, sing ngladèni widodari sakêthi kurang sawiji: sêdhêngan, upama diganêpi kurange siji dadi sakêthi bênêr: rada kakehan: kêna. Mung yèn wong wadon, paladène para dewa, nanging mung sanga, samono kacèke wong lanang lan wong wadon.

Pati c

Padha-padha pati iku ora kêna pinikir, wong sing nandhang lara kêsandhang wis kari gagrakusika (lunglit) ora mati-mati. Kang thiplak-thipluk lara kêdadak mati, tarkadhang tanpa lara iya mati, cêkake prakara pati: mainan, mung gumantung ana karsane Allah.

Putri

Rabi putri iku yèn kabênêran uripe sok bisa narik marang kadrajadan, nanging yèn ora kabênêran: abot sanggane, kaya paribasan kae, nyunggi lumpangkênthèng, eyube ora sapiraa, abote mindêng. Dadi wong rabi putri iku kudu sing sruwa-sruwi, bisa mêrtasamèni, [mêrtasa...]

--- 104 ---

[...mèni,] ora kêna sinôngga miring, dijak gotong royong: suthik, gawene mung wêdhak pupur.

Pupur

Paribasan pupur sadurunge bênjut, satêmêne manungsa wis wanuh sabên dina, nanging apitambuh, tandhane isih dhêmên brèh. Dadi lagi bisa muni bae, akon pupur, awake dhewe bênjut ora ngrumangsani. Saupama manungsa gêlêm ngawekani lêlakon kang bakal tumiba ing awake: môngka ginawe gampang, amêsthi angèl kang bakal tinêmu, beda yèn kinosokbali, si angèl kang ginawe dhisik. Si gampang bakal kêtêmu kari, nanging arang-arang kang bisa nglakoni, sayogane cobanên, aja ngiri kang nganggit: pancèn wêdi nyoba, dening wis bênjut cilik mula.

Pamrih

Ora ana wong sêpi pamrih, sanadyan panjênêngan ratu ora sêpi pamrih, mung ngalaha kang kalal, nyingkirana kang karam, iku wis nêtêpi kamanungsane sarta wis ingaran bêcik.

Pêgatan

Pangandikane Nabi Ngisa mangkene: dene mungguh wong lakirabi, wong wadon aja pêgatan lan wong lanange dene [de...]

--- 105 ---

[...ne] mênawa wus pêgatan, tulusa tanpa laki, utawa ulih-ulihana karo lakine, lan wong lanang iya aja ninggal rabine. Indj: 349-2 v.o.

Pangan

Mangan esuk diarani: semekan, mangan sore diarani pancal kêmul, têgêse narima mangan sathithik, mangan awan durung ana arane, apa: antêm krama; mara pikirên kapenake. Zie W.B. pangan

Pangan a

Kabutuhaning urip mung mangan turu lan mêncarake wiji, kang ngestokake dhawuhing Allah mung khewan, ora susah dening pangan wis cumawis saka cêcukulaning bumi, turu saênggon-ênggon kapenak, rewange mêncarake wiji wis sumandhing, dadi luwih mulya uriping khewan tinimbang karo uriping manungsa, dening manungsa golèk pangan kalawan rêkasa, nganggo wuwuh golèk sandhangan kang adi aèng, turu ora gampang kapenake, nganggo gawe omah dineka-neka, mêncarake wiji nganggo milih, têrkadhang olèh bolèng, tur nganggo sarana, tanpa sarana ora bisa mêncarake wiji, suprandene kang diarani mulya iku

--- 106 ---

manungsa, awit bisa katutugan kang dadi karêpe.

Pèngêt, sarèhning Gusti Allah ora karsa gawe kasusahaning urip, ya gene manungsa dhêmên gawe susah, surakah sadina-dina, ora ngèlingi yèn kabutuhane mung sapele, sêga sapulukan, sandhangan sasuwèk, ditêmah kolu matèni wong, mbok aja mangkono kêpriye, narima ing pandum, ora mèri marang kabêgjaning liyan, yèn gêlêm mangkono malah sok sêmpulur, dene sing mêsthi: têntrêm, ajining têntrêm angungkuli wong sugih singgih.

Pangkat

Pangkat iku marahi kajèn kèringan, mulane dadi parêbutaning akèh, nanging yèn ora kêbênêran patrape sok ambilaèni marang kauripane, luput-luput sêmbire tumiba ing asor, ngungkuli asore wong kang ora duwe pangkat, rasakna têmênan.

Dhukun

Aja sok dhêmên golèk dhukun anjaluk anak, satêmêne ora ana dhukun bisa awèh anak, kajaba dhukun gadhungan, bêcik golèka tômba kang bisa marasake roganing ragamu, iku kang ana paidahe, warasing raga kalawan pitulunging Allah bisa duwe anak.

--- 107 ---

Wit-witan gêring pinangan ing olèng-olèng ora bisa awoh, pikirên, apa bedane karo:

Manungsa gêring pinangan ing kruma, ora bisa manak.

Dhuwit

Wong urip butuh dhuwit, apa ora aran sapele uriping manungsa mung kalawan dhuwit, zie W.B. dhuwit.

Dhuwit a

Angèle wong golèk dhuwit nganti bisa ambubrahake èngêtan, K.N (niet èlingan). Gampange wong ambuwang dhuwit nganti bisa ambubrahake omah, mbok aja mêngkono kêpriye, zie W.B. dhuwit a.

Dhuwit b

Wong ora bisa pisah dhuwit, nanging aja mata dhuwitên, zie W.B. dhuwit b.

Dhuwit c

Aja dhêmên warna kang mêrak ati, iya iku dhuwit, awit watêke blere, akèh wong kedanan, balik pèkên dayane bae, karosane bisa anggèndèng jagad, zie W.B. dhuwit c.

Dhuwit d

Aja dhêmên nyèlèngi dhuwit kang ora mêtu uyahane, padha [pa...]

--- 108 ---

[...dha] uga karo kowe nyèlèngi krikil, tak dongèngake: rungokna.

Ana sawijining mantri guru nyèlèngi dhuwit turahaning balanjane, ana ing lonjoran pring pêtung, sabên sasi petunge tansah mundhak sarta tansah dicathêti, iku kang dadi têlênging kabungahane, kaya apa manèh bungahing ati barêng cathêtane pinetung isining celengane wis dadi 2000 rupiyah, prasasat ora ana kabungahan kang tinêmu kaya ing dina iku, apa-apa mung tansah mèsêm, nanging bungahe pirang-pirang taun kang wis kalakon sirna padha sanalika, ing wayah esuk sumurup omahe kalêbon maling, anggawa kêkasihe celengan pring pêtung. Lunganing kêkasihe sanadyan ditangisi kalawan luh gêtih, iya ora gêlêm bali, dening rumasa siniksa kinunjara nganti têtaunan, ora dilalèkake olèh pacangane mas Java ing kantor Bank, supaya bisa manak bêbranahan, zie W.B. dhuwit d

Dhuwit e

Kang muni layang Panitisastra kaca 4 larik 3 ... dene wisaning ngagêsang, tanpa arta: saujare nora dadi, karêpe tan katêkan, zie W.B. dhuwit e.

--- 109 ---

Dhuwit f

Gêbyaring kilat padha lan gêbyaring rajabrana, apa iku suwe, mêngkono ibarate, kasugihan kang nganti angèl wilangane bisa sirna padha sanalika, kaya ta: kataman ing bêncana gêni, utawa saka panggawening durjana, zie Lett. d mulane dingandêl lan dipasrah marang pitulunganing Allah, aja trêsna marang rajabrana, balik pèkên dayane bae, supaya rajabranamu bisa langgêng turun-tumurun ora êntèk-êntèk, kaya ilining banyu. zie W.B. dhuwit f.

Dhuwit g

Dhuwit iku lunyune kaya wêlut, yèn wis mrucut angèl golèk-golèkane. zie W.B. dhuwit g.

Dhuwit h

Wong sugih ora marêm andêlêng dhuwite, rumasane isih kurang bae. Nanging wong ora duwe dhuwit, mung mandhêg kêpengin duwe dhuwit.

Dhuwit i

Wong kêklumpuk dhuwit, ngiwit-iwit pangan analèni wêtêng ambrongsong cangkêm, pirang-pirang taun, bisa sirna ing

--- 110 ---

dalêm sajam, mulane diawas marang kridhaning dhuwit, uripmu aja dhêmên dhuwit, nanging sêngkuta ngupaya dhuwit, yèn bisa olèh pangupayamu, dienggal tanjakna kang ora ilang ing salawas-lawase, awit angganing dhuwit: pangawak talèdhèk, anggêr wong kêpengin mêngku, ora sumurup yèn ora asih marang awake, lunga saparan-paran dadi parêbutaning wong akèh, awake kowang-kowang kari anggana.

Dhuwit j

Paribasan Walônda:

Geld is de spil waar het al om draait. Mubênge jagad iku atalajêr dhuwit.

E. Moody

Br. 1912 No. 67.

Dhuwit k

Brètèn milih abdi dalêm kang kêna pinitaya nyêkêl dhuwit dadi tukang wang, iku abdi dalêm sing sugih, têmêne ora nylingkuhake dhuwit, sarta têmêne ora ambawur petung, cilike olèhe ora nganggo (nyrampèt) iku wis ora dijarag, sarta nganti ora rumasa bêcik, mula dinêtêpi wajib têmên-têmên pinitaya ing parentah. Beda karo abdi dalêm kang mlarat, banjur kêcèh dhuwit,

--- 111 ---

sanadyan atine murni iya mêksa wani grêmah-grêmèh, iku lupute sing mitaya, wong ngorong diadhêpi banyu kêndhi pratala, wis mêsthi dicêcêp, tarkadhang digogok nganti mlêmbung anginên, buh sesuk dadine.

Dhuwit l

a. Pagawean kang angèl dhewe iku apa.

b. Ayake ora ana kaya wong kang kapatah anggarap prakara kadurjanan utawa panêrak, iku angèl dhewe.

c. Ora isih kalah karo prakara para padudoning akèh sarta rupa-rupa tur riwil bangêt.

d. Wong kowe padha durung dadi pulisi, mung dadi jaksa ribut anggarap prakara ana ing meja panulisan, balik pulisi ora mung ribut ana ing meja panulisan bae, ana ing saba paran iya ribut sarta ana kalane linakonan ing wayah bêngi.

e. wis ora kaya kandhamu iku kabèh, aku maido, kowe padha tak tuturi, aboting abot iku ora kaya wong kang pinitaya ing parentah, gêdhene panjênêngan ratu, nampani pamêtuning bumi, desa utawa asiling nagara, têkaning dhuwit ora karu-karuwan dêrês kaya udan nganti ora ngobêrake wong madhang, anggêre cara Jawa [Ja...]

--- 112 ---

[...wa] ora cara Walônda nganggo mandhat barang, iku sing abot dhewe, tohe pati, sing cêpak mukti.

Dhêmên

Dhêmên marang pêpadhaning tumitah iku tuking kabêcikan, nanging arang sing bisa nglakoni, saking angèle, mung warganing teyosopi kang bisa: jarene. Zie W.B. Dhêmên.

Jêruk Kêprok

Wong umuk kungkulan

Aku makumau. sumurup jêruk kêprok ana pasar gêdhe, gêdhene saêndhas-êndhas maling.

Apa sing tak nyang saanggris siji ora olèh mau.

Wis ora kok wènèhi tuku jêruk kêprok siji saanggris.

Aku mung nurut kandhamu bae, jêruk kêprok siji gêdhene saêndhas maling, tak nyang saanggris ora olèh: luput, saupama mung tak nyang limang sèn: saya luput.

Kandhaku rak mung upama, ora têmênan.

Aja kuwatir, akua kae iya mung upama bae, ora têmênan, aku mung narima baul, ora arêp mênang.

--- 113 ---

Jaratan

Kang muni ing kitab suci, manusa kang duraka ing Allah, sucine mung ana sajabaning kulit, dadi kaya cungkup jaratane wong Walônda, ing jaba dilabur putih angrêsêpake pandulu, nyatane ing jêro isi bathang.

Jrangkong

Jrangkong iku wong mati kêsasar, urip karo balung bae suarane krêngkat-krêngkèt, aja maido, wong badan alus sakarêpe dadi. Jrangkong yèn dhèk isih uripe duwe potang, iku sok nagih têkane ing wayah bêngi, wong kang tinagih gugup, esuke banjur bayar utange marang warising jrangkong. Ya gene utange ora dibayar nalika uripe, utawa ditampakake marang jrangkonge nalika nagih, dadi aran sah nyaur marang kang motangake.

Liding dongèng aja dhêmên utang ora nyaur, awit yèn ora tinagih ing jrangkong ya diarani ngêmplang.

Jawa

Watêke wong Jawa.

a. dhêmên ngrungokake wong padu, ngintip ana ing gêdhèg,

--- 114 ---

b. dhêmên tumbak cucukan,

c. dhêmên para wadulan,

d. dhêmên nyatur,

e. yèn ana payo-payo ora tumuli tandang, yèn kang dadi bêbaya wis ora ana: brubul padha tandang takon-tinakon playuning durjana.

f. yèn ana bêncana gêni dhêmên nonton, ora gêlêm tandang, yèn gênine nular: bungah, dianggêp kaya tontonan main api, yèn gênine mati: gêla.

g. yèn ana banjir bungah-bungah padha praon, sawênèh ana kang gawa klênengan, karo nonton wong kang padha susah kêbanjiran,

h. yèn wong ora duwe: diisin-isin, yèn wong lagi duwe diewani,

i. ngrèmèhake: gêlêm, dirèmèhake suthik,

j. dhêmên ngrewangi dhêdhuwurane ngalahake sor-sorane,

k. dhêmênyar, nganti olèh paraban: obor blarak, murup grabyag-grabyag mati pêt tanpa tilas,

l. dhêmên pamèr lan munggah umpakan. Zie W.B. Jawa.

--- 115 ---

Jawa a

Kasugihane wong Jawa, ing jaman kuna saka among tani têgal sawah sapêpadhane, saiki wong desa wis ora ana kang sugih, dening bumine êntèk kalêbu ing kabudidayan kabèh, mung kari bôngsa sudagar iku isih ana kang sugih, sarta yèn wis sugih angèstokake dhawuhe eyang Ngarab, padha munggah kaji marang Mêkah, jare patine bakal munggah swarga zie Ngarab.

Juwèh

Uni sakêcap kang pratitis, bisa ngalahake uni kang ora lèrèn-lèrèn, iya iku wong juwèh, wong juwèh iku bêcik sing picak tinimbang karo sing mêlèk, picak kang juwèh ajine ngungkuli picak kang ora juwèh, utawa karo waras kang juwèh.

Juwèh a

Wong juwèh kawruhe tumèmpèl ing lambe kumruwuk angêbêki papaning pasamuwan katut ing angin mrana-mrana. Beda karo wong mênêng, kawruhe sumimpên ana ing ati wêning, mêtune ora sarana lambe, katampan pucuking pèn mili ambèr ing papan tulis rinasakake wong sajagad.

--- 116 ---

Jalaran

Ngatokake jalaran saka sawijining wong kang agawe mêngkono iku wajib, sarta ing sabisa-bisa angarah amalês ing sakuwasane, yèn duwê sêdya nyirnakake: ora bisa, sanadyan ginawe wadi: tilase ora ilang.

Jalak

Jalak bisa ngocèh, wong ala bisa nyatur, karo pisan ora kalap, ocèhing jalak tutur apa-apa ora kêna ginugu, unining wong ala padha bae tutur apa-apa iya ora kêna ginugu, sanadyan kandhane têmên, wong wis kêbacut sirna piandêle, dening kêrêpe goroh.

Jajag

Anjajagi kawruhing liyan, iku panitike saka gêgaweyane layang, wong baud calathu ora mêsthi baud gawe ukara. P. B. 29-9 v.o.

Jam en Juwèh

Unining jam tanpa lèrèn nganti saêntèking putêrane, wong juwèh muni tanpa lèrèn nganti saturune, jam ana gawene [gawe...]

--- 117 ---

[...ne] bisa nuduhake wayah, balik wong juwèh muni andêrwili moyar dadi angin bae.

Jamu

Wong lara ajêjamu, nanging bêcik ora lara sarta ora ajêjamu.

Jombêlang en congkog

Padha-padha pagawean

1e. wong dadi jombêlang 2e. wong dadi congkog } iku kêtrimane mung yèn durung kalakon, pitayaning wong kang pinadokake: prasasat pati uripe dipasrahake marang jombêlang utawa congkog, nanging yèn wis kalakon tanpa ambu, aji godhong aking salêmbar, yèn ora dadi bêcik tinarka angloropake. Apa paidahe wong dadi jombêlang utawa congkog, ora liya mung kalimising lambe, têlêsing gondhang lan warêging wadhuk, ora olèh colotan, ora olèh ujuran sareyal suwang suprandene akèh wong kang dhêmên dadi dalan mangkono.

Jago

Jago iku tanpa prakara tarung, nganti bonyok durung gêlêm kalah salah siji, tarkadhang kang padha gêdhe atine: pur,

--- 118 ---

nganti ora bisa ngrêjêt.

Wong Jawa watêke kaya jago, dhêmên rêbutan, ora sumurup yèn kang rinêbut mau duwèke dhewe, saking gogote nganti dipisah ing liyan, iku lagi gêlêm rukun, si pamisah olèh opahan, turune: kêrêngan padha turune, iya dadi pisahan manèh, si pamisah iya uga olèh opahan manèh, mangkono ing sabanjure, nganti êntèk-êntekan, suprandene ora mari-mari, isih mêngkono bae, iya si watak jago mau, tansah akêkablak kaluruk ana ing omahe dhewe.

Apa durung sumurup yèn suwiwine wis brindhil.

Takonana dhewe.

Jagad

Ing jagad ora kurang pagawean, suprandene akèh wong kang ngrêsula ora alèh pagawean zie W.B. Jagad.

Yupitèr

Pujôngga caturan karo bature:

Pujôngga. Upama lintang yupitèr iku tak mriyêm saka ing dunya kene, kang lakune mimise ora abêr-abêr sajrone 4000 taun lagi têkan.

--- 119 ---

Batur. Dosanipun punapa lintang botên barang-barang dipun mriyêm.

Iki tambane bêndara juwèh paturan karo bature kang ora mangêrti pisan-pisan marang prakara kang dudu wajibe. Saupama pujôngga mau gêlêm nyrantèkake kôndha mênyang pujôngga liyane, ora notol sêlak anjaluk alêm kawasisane, amêsthi ora olèh wangsulan mangkono.

Nyai Boging

Ênggone bêbojoan Ki Padmasustra karo Nyai Boging jaka prawan, nganti kakèn-kakèn, ninèn-ninèn, mung patutan loro lanang wadon, putu lima, buyut nêmbêlas kang padha isih urip bae: (1842), saprene wis luwih 50 taun tatacaraning Walônda wis kawin mas, barêng Nyai Boging umur 75 taun, tinggal donya, Ki Padmasusastra koncatan maniking katrêsnan, layon pinaripurna pinêtak ana ing Kêbonlayu yasane Ki Padmasusastra, durung sèwune malah lagi satus dina, kubure Nyai Boging wis dicungkup sarta dikijing watu Mataram, iku dadi pratandhaning kasêtyane Ki Padmasusastra yèn bakal ora pisah nunggal sacungkup karo Nyai Boging, malah kijinge Ki Padmasusastra

--- 120 ---

wis sudhiya ana ing kono tunggal watu Mataram.

Anak putune Nyai Boging, sabobote wong cilik tur kabur kanginan tiba saênggon-ênggon, iya kawilang mulya. Padha kêlar pinayungan sarta padha rabi putri tuwin tinunggu jiwaning kawibawan, ora mung putu-putune lanang bae dalah putune wedok dhasar mung sitok, mumpuni ing saniskara laki olèh dhoktêr Jawa bisa satata linggih jajar lan panggêdhening nagara ingaji-aji marang Assistent Resident dening alusing têmbunge Walônda, nelakake unusaning wadon mêngku kasujanan. Buyut-buyute wis padha malêbu pamulangan Walônda, ngamungna Ki Padmasusastra dhewe kang nandhang papacintraka sarta wis ora lawas ana ing dunya bakal nusul marang Kêbonlayu ênggon kalanggêngan kang tanpa pêpindhan dununge Nyai Boging, saiki isih nyuwun sarèh maring Pangeran, lagi nutugake nganggit layang Madubasa iki.

Kula nuwun, kula nyuwun pangapuntên kaping sèwu, anggèn kula nyariyosakên lêlampahan kula sawatawis, pêrlunipun namung dadosa pangèngêt-èngêtipun anak putu buyut canggah warèng kula piyambak yèn ing Kêbonlayu amijèni jiwaning kawibawan.

--- 121 ---

Nyawa

Kandhanging nyawa iku raga, yagene kowe mangan nginum tanpa dêduga lan watara, nganti ngrusakake raga, sarèhning kandhange bubrah, nyawane iya mabur, jarene duwe suwiwi kaya manuk.

Ma 4

a madat

Wong madati korup marang hawa nêpsune ora dipênggak, malah diuja, barêng wis nyakot angèl pêdhot-pêdhotane, dening awake lara ora kambon madat, yèn kaputungan sarana: mêtu tekade ala gêlêm ngapus-apusi sarta wani maling. Ala kang wis dilakoni sirna sajroning nyêrèt, kang ana rasa nikmat lan mupangat, kuciwane ora langgêng, tangi turu salin salaga, muring-muring marang anak bojone, wusana lêlakone kongsi tumiba ing tiwas, nganti tumêka ing pati ora bisa mari, ya aja mari bae.

b madon

Wong madon iku iya korup marang hawa nêpsune, nganti diarani: brancah, sinigenan ing sanak sadulure tuwin mitra-mitrane dening ora kêna bathuk lamis, adate [ada...]

--- 122 ---

[...te] êntèking sarana banjur kêcandhak ing lara ora bisa mari ditambani nganti tumêkaning pati. Jarene jênênge lara bêngang, kalêbu busuk sing nganggit layang iki, durung sumurup araning lara mêngkono, mung lagi jare bae.

c main

Wong karêm ngabotohan, yèn nuju mênang kabungahaning dunya tumpak blak dadi siji, mung tansah angguyu, kosokbaline kang kalah manasi kabaranang atine kaya diobong, suntrut ora bisa angguyu, êntèking sarana banjur angapus-apusi ginawe amburu kalahe, pamburune ora kêcandhak, malah pawitane dhadhal, bêcik êndi karo ora karêm ngabotohan.

d minum

Wong edan iku tiwas jênênging uripe, wis ora bisa pulih kaya dhèk maune sadurunge edan, paribasane ana: bêras wutah, grabah pêcah, wong owah, iku ora bisa pulih kaya dhèk maune sadurunge wutah, pêcah lan sadurunge owah, suprandene jêmbar-jêmbaring jagad ana sing maha dhêmên kaya wong edan, iya iku wong karêm wuru dawa, yèn wis mêndêm calathu sawêtu-wêtune, glogok sok ora nganggo ngengehan, sanadyan wadine diêlèr, [di...]

--- 123 ---

[...êlèr,] aja manèh wadining liyan oraa dièwèr-èwèr, prasasat ora ana bedane karo wong edan, prajangjian kumruwuk aprasêtya sabaya sapati ngisor galêng ndhuwur galêng, sinêksèn êntèk-êntekan pangombene arak, rambah-rambah nganti mutah cècèk, wusana barêng rubuh anggaloso turu kaya wong mati, satangine: awake kaya wong mêntas digêbugi, ora duwe kaelingan pisan-pisan apa kang wis diclathokake nalika mêndêm, suprandene kang nganggit layang iki ora wigih ngombe arak nganti mêndêm. Mung kacèk durung edan bae, utawa kacèk bisa gawe pitutur, dadi iya ora bisa edan, dening duwe aji têmbang pangkur: duga-duga aywa kari.

Ma, 4 kaya wis cukup kanggo sanguning urip gêlise rusak, ora susah winuwuhan dadi: Ma: 7 utawa 9.

Manungsa

Manungsa ora bisa tinggal laku patang prakara

1. Pintêr 2. Tabêri 3. Rahayu 4. Waras } kudu linakonan barêng, yèn kongsi gothang salah sawiji: amêsthi tumiba ing sangsara, têrange mangkene:

--- 124 ---

a. pintêr tabêri rahayu } nanging laranên, iku kaya angganing jam êmas tanpa tuding, uripe ora bisa nuduhake wayah, mungguhing manungsa urip tanpa gawe.

b. pintêr tabêri waras } nanging ala atine, iku kaya angganing durjana, sapa sing sudi ngawulakake.

c. pintêr rahayu waras } Nanging kêsèd, iku kaya angganing wong kang dhêmên nganakake cipta nglêngkara, kaya ta: duwe cipta mênang lotrei satus èwu, banjur yasa omah magrong-magrong, disambi nyambut gawe gadhe, ora kangelan, olèh anakan, yèn bur olèh kauntungan tikêl, kuciwane durung tuku lot, dening durung duwe dhuwit, dadi lali mandhêg ana ing gagasan bae, kasêlak ing jaba ana wong nagih utang.

d. tabêri rahayu waras } nanging bodho, iku kaya angganing pêdhang

--- 125 ---

tanpa waja, diwrangkani adi, mung dadi pasrèn, yèn ana gawe parigawe: malendo. Zie W. Sw. 1912 No. 1

Macan ompong en bêdhil kopong

Prabawane wong gêdhe kang ambêg santa dhasar arang ngandika, kayadene anggane macan ompong bêdhil kopong, sanadyan wis kinawruhan sêpi ing angkara, iya kinèringan sarta ingajenan sapêpadhane wong gêdhe, luwih manèh panganggêpe wong cilik, padha wêdi asih ing panjênêngane. Lah apa gawene wong gêdhe dhêmên angkara sarta anggêp-anggêpan, wong wis diwêdèni, apa isih kurang, apa ana luwihe saka: wêdi, kajaba mung: wani.

Maru

Ora ana wong mêmaron bêcik, mung kandhaning layang bae: ana, nyatane êmbuh, êndi maru kinasih iya digêthingi ing maru liya-liyane, sing akèh catur-cinatur, ambêcikake awake dhewe, angalakake marune, malah sok angwêtokake têmbung saru, dadi wong dimaru iku ora kapenak, gêlême amarga kawisesa, istiyare wadon ora kinêmaru, aja laki sababaging umure, bêcik laki tuwa bêbasane, dadi awèt didhêmêni. [didhêmê...]

--- 126 ---

[...ni.] Yèn cara prasman, jaka umur 24 taun, olèh prawan umur 24/2 taun + 7 = 19 taun. Zie Dj. K. 1907 No. 30.

Marêm

Satêmêne ora ana wong marêm atine, sanadyan karêpe katêkan kabèh: iya isih kurang, sabên wis kalakon karêpe: banjur bosên, nuli salin salaga kapengin duwe liyane manèh, yèn wis katutugan ya bosên manèh, mangkono sabanjure, iya iku sakarate wong ana ing ngalam dunya, mari-mari yèn wis mati.

Mrangkrani kudhi: Cina

Yèn lêlinggihan karo Cina singkèk kêna sakarêp-karêpmu, awit ora duwe tatakrama alus, idu riyak saênggon-ênggon ora dirasakake, beda karo Cina pranakan, kaya Jawa.

Mrangkani kudhi a kriya

Yèn lêlinggihan karo bôngsa kriya, nyatura ala bêciking garapan, kang pantês ingalêm lan cinacad.

Mrangkani kudhi b tani

Yèn lêlinggihan karo wong among tani, angrasanana loh cêngkaring bumi sarta pananduring palawija, kênthang, kacang,

--- 127 ---

jagung, canthèl, pari sapanunggalane, cocoge karo mangsane bakal tibaning udan.

Mrangkani kudhi c. sudagar

Yèn lêlinggihan karo sudagar angrasanana kêndho kêncênging dêdagangan, sarta ametunga tuna bathine ana ing saba paran.

Mrangkani kudhi d. wanita

Lêlungguhan lan wanita angrasanana raras rum. P.S. 91-3.

Mrangkani kudhi e. Walônda

Yèn lêlinggihan karo Walônda kang gêdhe prayitnamu, ngêtrapake tatakrama aja kawêtu basamu kang saru lan aja sasêmbranan.

Mrangkani kudhi f. pandhita

Yèn lêlinggihan lan pandhita angrasanana patitising pati. P.S. 91-3.

Mrangkani kudhi g. prajurit

Yèn lêlinggihan lan prajurit, angrasanana kaprawiran, P.S. 91 = 3.

Mrangkani kudhi h. pulisi

Yèn lêlinggihan karo pulisi angrasanana angèle wong

--- 128 ---

golèk katrangan prakara kadurjanan.

Mrangkani kudhi i. jaksa

Yèn lêlinggihan lan jaksa angrasanana rungsite surasaning anggêr.

Mrangkani kudhi j. botoh

Yèn lêlinggihan karo botoh jago, iku rada saru, tangane surawean nirokake tarunging jago, yèn jagone ginitik: bayar, yèn malês ambêbayani: thêk sêg, ora anjaluk banyu.

Mrangkani kudhi k. Ngarab

Yèn lêlinggihan karo eyang Arab kang prayitna, cêkak aos sakarsamu mundhut, kowe bodho kana pintêr.

Mata

Mata ginawe mêlèk, yèn arip ginawe turu, nanging apa ana janjine munggèng Pangeran, kêna ginawe natas pèi. Coba têrangna. zie W.B. mata.

Mata a

Aja sok dhêmên nutupi mripating wong, adate malah sok numbuk-numbuk marang awakmu dhewe.

Mata b

Dongèng, wong picak nyênyuwun maring Allah: bisane mêlèk, [mê...]

--- 129 ---

[...lèk,] tinurutan dening Allah bisa mêlèk malolo tanpa kêdhèp, wong iku bangêt susahe, wuwuh-wuwuh kêrêp kalilipên, banjur nyuwun manèh kaparingana salin mata ciyut, iya tinurutan dening Allah padha sanalika liniru salin mata ciyut, ambane anjalirit mung saawaking êdom, wong iku saya bangêt susahe, awit wêruhe apa-apa ora ambabar pisani, wuwuh-wuwuh dadi kagetan, ana swara, kagèt, ana clèrèt: kagèt: dadi ora bisa jênjêm atine, wusana nyuwun bali dadi wong picak manèh kaya mau-maune bae, iya tinurutan, wong picak marêm atine. Liding dongèng: dinarima marang takdiring Pangeran kang wis sinandhang, awit pandamêling Allah wis kanthi kawicaksanan.

Mata c.

Mata kang ginawe andêlêng wong ayu ora kêpadhan, kaya upamane angganing carmin, kêna dinêlêng ora bisa andêlêng.Voorb.

Mripat kula kados upaminipun pangilon, kenging katingalan, botên sagêd aningali: zie 1001 N.I. 170-4.

Mitra

Mitra busana, mitra baksana, kalah karo dening mitra [mi...]

--- 130 ---

[...tra] budaya (sadulur sinarawèdi) katêmune golèkana dhewe manggon ana ing kampung Manahan, W.B. mitra.

Miskin zie Sugih d.

Mlarat

Aja ngrêsula nandhang kamlaratan, sing gawe sapa. zie W.B. mlarat.

Mulya

Kamulyan kadarbe wong kang ngampil pangwasaning nagara utawa kêkasihing ratu, yagene sok mêndêm gadhung, iku rak dudu duwèkmu. zie W.B. mulya.

Maling

Maling iku iya wong sarta iya sumurup ing ala bêcik, yagene dhêmên maling. Dhêmên manèh awit pangrasane ora nglakoni panggawe ala, nglakoni panggawe bêcik, wêtuning sandhang pangane saka ing kono, ginawe ngingoni anak bojone kang padha kêluwèn. Apa iku aran ala, Gusti Allah ora dhawuh ngtarangi wong maling, dene kang aran ala iku wong cêthil, mulane patut dimalingi. Apa wong cêthil iku padhane maling, maling bae bisa ngarani ala, sok mangkonoa malah bêcik maling tinimbang [ti...]

--- 131 ---

[...nimbang] karo wong cêthil.

Liding dongèng tuking ala iku wong cêthil, nanging maling iya uga ala, dadi karo pisan padha èlèk. zie W.B. maling

Maling a

Maling iku ora mung durjana kang ambabah omah ing wayah bêngi, tarkadhang rewangmu linggihan prayayi narapraja kang misuwur arane: ana kang dadi maling.

Magrong-magrong

Ora ana wong kang ngrèmèhake pagaweane dhewe, ki jaksa mamèrake angèle surasaning anggêr. Pulisi umuk rêkasane wong golèk katrangan prakara kècu. Juru ambombong prakara saguh mênangake padu. Ki pangulu ngandhakake sulite rasaning Kur'an. Ki Pujôngga ngumukake wêwadining tulis. Narapraja kang kinathik ing parentah lêngut-lêngut, iku wadi: ora kêna kok takokake. Prajurit mamèrake kawantêrane yèn munah ripu, ki sudagar kôndha ribut ing pagaweane. Tukang gadhe kojah kêsêl angladèni wong: têka lunga nganti ora kobêr mangan. Ki tani mênêng bae, nanging karingête daleweran, kabèh iku dirèmèhake marang

--- 132 ---

wong kang kinuwasakake nyêkêl dhuwiting nagara utawa panjênêngan ratu, ora ana angèling angèl pagawean ing ngalam dunya kaya wong nanjakake dhuwit. Liding dongèng aja sok ngasorake pagaweaning liyan, angunggul-unggulake pagaweane dhewe, kabèh-kabèh padha bae, awit kang linakonan wis dadi cithakane, cocog karo kabisane, tembunge Walônda aanlegt mung wong kang kinuwasakake nyêkêl dhuwiting nagara utawa kagunganing ratu (cara Jawa tanpa mandhat lan tanpa komisi) iku nyata yèn linuwih dhewe tanpa kisruh, tandhane banjur bisa gawe omah magrong-magrong, sarta akèh wong sing padha makidhupuh mrono anjaluk sanjata pitulung.

Mangênjali

Ilanging dosa mung mangênjali, têgêse: wong kaluputan aja golèk bênêr, kang sayoga mung anjaluk pangapura.

Môngsa

Ajining môngsa angungkuli ajining rajabrana, suprandene akèh wong kang dhêmên ngêcèh-êcèh môngsa.

Manggan

Watêk manggan, aja kongsi tumiba ing bocah, kaya ta:

--- 133 ---

nugêl buntut lan mrithili sikil kêndhêla, (nyuwèk cangkêm cêcak ing dina Jumungah enz) pêrlune sapele mung amburu bungah ing ati saka bolonging buntute linêbon êlar utawa barang kang ènthèng banjur diculake, kêndhêla mubêng kalangan ora bisa mencok, dening paruthuling sikile, bocah kang duwe akal mangkono agiyak-giyak, iku kang nuntuni ora bêcik marang panganggêping ati, tumraping mubarang liyane, kêlantur tumêkaning tuwa kolu niyaya wong, awit wis ginulang wiwit cilik mula manggan gawe piala marang khewan. Dene khewan kang wênang dipatèni kang malarati, (ula, kalabang, kalajêngking enz) marang manungsa.

Gêni

Urubing gêni mati dhewe saêntèking urub-urube, sarta bisa adhêm nganti tanpa tilas, nanging urubing ati ora mêngkono, nganti tumêkaning pati isih panas.

Guna

Aja ngêndhak gunaning janma, lan aja malangi utawa nêpak marang wong kang nglairake panêmu, awit panêmumu durung mêsthi bênêr.

Guna, kaya, purun

Lêlabuhane Patih Suwônda marang Prabu Arjunasasra ing

--- 134 ---

Maèspati, nganggo sarana: guna, kaya, purun, iya kaya kang kasêbut ing lêlakone, mungguhing jaman saiki ora susah mangkono, suwita ing ratu iku sangune mung sêtya tuhu lan kapintêran.

Gundhul

Ing jaman kuna wong Jawa gundhul iku kaji, kaum kang gêlêm iya ana kang gundhul, nanging isih akèh kang jlamprah, dadi wong Jawa gundhul iku dianggêp kang wis suci atine kaya dene kaji. Panggagas kaya mangkono mau ing jaman kuna: nyata, dhèk jamane kaping VII awal, Patih Kangjeng Raden Adipati Sasradiningrat kang sumare Ngimogiri, ing kampung Kapatihan ana maling kêcêkêl, kauningan ing kangjeng raden adipati, kadangu apa gêlêm tobat, menawa gêlêm bakal diluwari, wis mêsthi bae ature maling: sêndika, ora nyana pisan-pisan yèn kangjêng radèn adipati adhêdhawuh ingandikakake anggundhuli, kalakon padha sanalika digundhuli, iku agawe êntèke atining maling. Maling didangu apa bisa ngaji, ature: ora, donga: iya ora. Dhawuhe kangjêng radèn adipati, maling iku karsa diabdèkake dadi kaum ing kampung Kapatin,Kapatihan. kaparingan pangan nyukupi sarta dhawuh marang pangulu [pangu...]

--- 135 ---

[...lu] ingandikakake muruk donga, kalakon dadi kaum suci atine lêstari tumurun marang anak putune. Gundhul saiki kêpriye, sing mêsthi sucining sirah, sucining ati anjaluk sarèh lagi dipikir.

Gunung

Manungsa kang dhêmên ngunggul-unggulake awake dhewe, iku kaya upamane gunung kêrêp murub, lawas-lawas amêsthi longsor, tundone sirna babar pisan.

Gunung Cêrme

Golèk kasugihan marang gunung Cêrme, lakune: narima ing pandum sarta ngirit-irit pangan, pamêtu sadinane ginawe turah sarta banjur dicèlèngi, ora lawas amêsthi banjur kêcukupan, wusana sugih, amarga direwangi setan ing gunung Cêrme. Kang nganggit apa bisa nglakoni sarta apa iya sugih ? ora, mung kôndha bae.

Guru

Pambêkaning guru akèh kang ngaku awas, sumurup marang lêlakon kang durung winarah, sarta kang dikandhani ana kang ngandêl, bonggan sira ngandêl barang kang ora ana, kêpriye pangandêling manungsa marang kandhane guru iku, dhèwèke mêsthi ora sumurup marang kadadiyaning lêlakone awake wewedhewe. ing dina [di...]

--- 136 ---

[...na] sesuk, aja manèh sing durung winarah yèn idhêpa, kajaba nekad dening anane pêthèk ing dalêm dunya mung ana loro, nyata, karo: ora.

Guru a

Maju mundure kapintêraning murid, iku dadi têtanggunganing guru, nanging durung pati kobêr, lagi mikir ajuning balônja. P. B. 32-5.

Guru alêman

Aja watak guru alêman, kajaba sok kaduwung: gawe pitunamu gêdhe, sumurupmu wis kasèp. Zie W. B. guru alêman.

Granyah

Wong anggranyah iku ora mung ngrusakake dhuwit patukoning barange, iya uga ngrusakake kawarasaning awak, dadi ora enak mangan ing wayahe, bubrahing môngsa bisa anjalari lara, lara kêmbanging pati, dadi wong kang anggranyah kêna binasakake: ngêmping lara anggenjah pati.

Grabah

Grabah iku uni kasar, kêna diiradati, sabên calathu diarah lirihe, nanging yèn lali iya bali sêru manèh,

--- 137 ---

sapa kang duwe uni grabah: Ki Padmasusastra.

Gotong royong

Gotong royong, padhane tulung-tinulung, santosane ngungkuli wong sugih, nanging aran sing gêlêm mangkono, trima diarani ora rukun, ayêm wis duwe têmbunge bae. Adêge pakumpulan Budi Utama pinuji ing wong kang padhang pikire. zie W. B. gotong royong.

Gawe

Aja sok sambat kakehan pagawean, satêmêne iya mung saukure bae, sisaning pagawean ditindakake sawise mari kêsêl, utawa seje dina, padha bae karo wong kang nganakake pagawean (ora duwe pagawean) panggagase iya mung saukure bae, nganti sakêsêling ati, tutuge dipikir sawise mari kêsêl. Kabungahane priyayi narapraja kang sugih pagawean, yèn pagaweane wis rampung mangkono uga ki pujôngga kang nganakake pagawean, kabungahane yèn olèhe anggolèki têmbung bisa kêtêmu. Liding catur: ora ana wong kakehan utawa kasathithikên pagawean, anggêr manungsa urip gêlêm nyambut gawe: padha bae, beda karo si tabêri lan si kêsèd, [kê...]

--- 138 ---

[...sèd,] sing siji têlatèn anggarap pagawean, sijine: ora.

Gawe a

Ora ana pagawean abot kang ora bisa rampung yèn ditandangi kalawan sarèhing ati. Yagene kowe ora angrampungake pagawean ènthèng dening kasusuning ati sêlak arêp lèrèn, èlinga yèn tètèsing banyu bisa anggêmpalakê laleyan.

Galondhong

Tugêling galondhong saka untuning graji kang ora môndra, kalakone tugêl mung saka talatèn, kênane tanah Jawa kadarbe ing kangjêng guprêmèn: kapriye, apa ora mung saka talatèn, suprandene manungsa ora dhêmên marang watêk talatèn, sing didhêmêni pratingkah daya-daya nulia rampung, sêlak pêdhot napase: pagaweane: nisa.

Gêdhe

Wong ambêk gumêdhe malah disorake, kosokbaline wong andhap asor: malah diluhurake, pêrlune apa dhêmên gumêdhe. zie W. B. gêdhe.

Godhong jati aking

zie pintêr b.

--- 139 ---

Gêdhang bôngka

Golèk alêm madolake alaning liyan, sok olèh opah gêdhang bôngka saka wong kang diwadulake. zie W. B. gêdhang bôngka.

Guyu

Anggêguyu wong kêluputan, rasaning awak sumyah, coba sinaua anggêguyu awakmu dhewe: kêpriye rasane apa iya sumyah, dhe kokwangsuli durung kobêr.

Gêmi

Wong gêmi adhakane dicatur, wong blaba dialêm, nanging panyatur lan pangalêm mau mung ana sapucuking ilat, yèn lambene wis mênirên lèrèn, wusana sing gêmi dadi bêcik, sing blaba dadi ala, bêcik dicatur apa bêcik dialêm.

Gêmi a

Anggêmèni barang kagunganing bandara iku papêthinganing kawula. P.B. 30-5.

Gumun

Gumun marang pratingkahing liyan, nanging durung tau sinau gumun marang pratingkahe dhewe. zie W.B. gumun.

Gumun a

Aja gumun andêlêng pratingkah kang ngeram-eramake, utawa [u...]

--- 140 ---

[...tawa] kaelokan kang lagi tinêmu, amarga yèn kowe wis sumurup yêktine: rèmèh bae.

Gampang angèl

Gampang iku dadi angèl, saupama winalik kêpriye, dhêmên kangelan dhisik, kira-kira bakal ana wohe kang matêng mirasa: gampang undhuh-undhuhane, bok coba kok lakoni. Kang nganggit layang iki wis tau ngundhuh wohing kangelan rambah-rambah, malah ana sing sakrupyukan, f. 1225 rupiyah, aja maido.

Gampang angèl a

Gampanging gampang iku ora kaya wong maoni alaning wong, jarene mung kêlêtan susur. Kosokbaline angèling angèl iku satêmêne ora kaya wong ngalêm bêciking anak putune dhewe, tur iya mung kêlêtan susur.

Gêmblung

Tuku barang kang ora ana gawene iku kalêbu wong gêgêmblungan, nanging satêmêne durung nyukupi yèn katrangan mau mung mangkono bae, awit tuku barang kang ana gawene: yèn tinggal murwat, iya kalêbu ing bêbasan mau, ala bêcik bakal tinêmu ing awake saka pakartine dhewe, banjur ana têmbung pangarêm-arêm: pêsthi, si mlarat, lan si

--- 141 ---

sugih wis pêsthine dhewe-dhewe, lali marang pakartine kang wis kalakon kang marahi dadi mlarat, utawa dadi sugih, coba gagapana igamu rak kêtêmu, nanging kowe iya isih mungkir.

Gugu

Kang diarani: gugontuhon, wong nyêmbah marang kayu watu utawa bulus jimbung, dijaluki sawabe nanging wong nyêmbah sêkarane para luhur, para misuwur asmane sarta wong ngatuwa-tuwane, apadene wêsi aji wasiyating karaton, tuwin nyêmbah kadhaton, iku dudu aran gugontuhon, aran tatakrama. Wong tanpa tatakrama: êmoh andhodhok, êmoh nyêmbah utawa êmoh dêkung marang wong gêdhe, dupèh ora kabawah kaparentah, padha wong, padha lèk sanga, iku bali aran kewan manèh, ora ngèlingi yèn isih ngambah bumine sang ratu, kaslamêtaning awake amarga saka sang ratu: kang ditampik tatakramane, tanpa ratu: dhèwèke ora diwêdèni ing wong dening tanpa pangadilan, suprandene ana kang duwe panêmu bêcik tanpa sêmbah utawa tanpa dhodhok, kinira malangi ajuning bôngsa: anèh, ngêndi ana dhodhokan sêmbah bae marahi rêmbên.

--- 142 ---

Gugu a

Aja sok anggampangake thlathuclathu. ngarani wong liya isih gugontuhon, angèle pikirên mungguh ing awakmu dhewe kêpriye, apa nyata kowe wis ora gugontuhon: sukur, nanging aku maido, tarkadhang kowe mêtu nguyuh ing wayah bêngi ana wayangan katon githokmu krasa mangkirig, konyana apa kang katon iku, jare ora gugontuhon, yèn kowe mungkir ora tau mangkirig: goroh. Lônda totog"Landa totog" adalah istilah bagi orang Belanda asli di Indonesia, bukan keturunan atau hasil perkawinan dengan pribumi. isih ana kang wêdi dhêmit, kowe manèh Jawa tulèn oraa saya wêdi, lah pikirên kapenake, jare dhêmit iku ora ana, apa bedane karo Gusti Allah.

Gugu b

1 wong kang bisa§ elinga marang têmbung: bisa, têgêse kêpriye ? gawe slamêtan asung dhahar marang para nabi, wali sarta para ratu kang sumare tanah Jawa, apadene marang lêluhure saka lanang lan saka wadon, angluhurake asmane sarta nyuwun barkahe, kajaba kapenak ing ati: ingalêm ing wong akèh olèhe lêga lila maring donyane ginawe murah, iya uga ingalêm bêcik atine, sapira rêgane uni kuwe, mung ingurupan sêga sapênak.

--- 143 ---

2 ambêciki kubure wong ngatuwane, sarta ora nguwunake kirim kêmbang talasih sabên taun sapisan, kajaba ngelingake marang atine dhewe, yèn bisane samono saka kuwi, iya uga ingaran marang wong akèh: olèhe angaji-aji marang wong ngatuwane.

3 angaji-aji marang wêsi aji kang wis dadi kalumrahane, anggon-anggonane wong Jawa kajaba kopèn ora nai: iya ora ngilangake rêga yèn ana butuhe diêdol, dene ngajèni wêsi aji karaton, kajaba ana alate (kang ngandêl) kalêbu ing tatakrama, mênawa kowe ora gêlêm nyêmbah marang kangjêng kyai agêng (wangkingan pusaka karaton) dening ora wêdi ing walat: kêna, sarta iya bênêr, ora mêsthi kuwalat, nanging kowe diarani: kêbo, sarta yèn ngunus kêris: walikên, gandare cêkêlên tangan têngên, banjur unusên, iku mungguh, mungguhing wong kang ora ngajèni marang wêsi aji.

4 angaji-aji marang papêthaning rupane wong misuwur (= rêca) kaya ta: papêthan warnane Tuwan C. F. Winter kang ana palataran paresidhenan Surakarta, iku pangeling-eling ing panarima: yèn kangjêng gupêrmèn ora kasupèn marang lêlabuhane Tuwan Wintêr ênggone amêncarake kawruh Jawa [Ja...]

--- 144 ---

[...wa] marang bôngsa Walônda sarta ênggone dadi kondhange para pujôngga ing Nèdêrlan, kang padha marsudi marang basa Jawa, nganti dadi kuwalik wong Jawa diwulang basa Jawa marang wong Walônda, kang nganggit layang iki diwulang kasusastran Jawa marang Tuan D. F. van der Pant. Guru pamulangan raja ing Batawi nalika taun 1883 kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh dudu aran: gugontuhon, aran adat bêcik, dene kang aran: gugontuhon, iya ana, golèkana dhewe, wong kowe wis baud ngarani marang aku, (wong tuwa) gugontuhon.

Gagak

Gagak muni gaok-gaok, awèh sasmita marang manungsa yèn bakal kasripahan, iya gene ora tau awèh sasmita liyane mangkana, yèn bisa sumurup bakal tibaning kasusahan, iya bisa sumurup bakal tibaning kabungahan, apa ora mêngkono.

Ora, satêmêne gagak iku panggandane landhêp, mambu gandane wong lara kaya gandaning sawa, dadi muni gaok-gaok anggolèki mêmangsane, wong ngarani bisa awèh sasmita, yèn bakal kasripahan, apa wis ora bênêr panêmune wong kuna, ithik-ithik arêp kok arani gugontuhon. [gugontu...]

--- 145 ---

[...hon.]

Mêngkono iya kêna, nanging prênjak muni prênjêk-prênjêk, jare nyasmitani bakal ana dhayoh têka, lah kuwi kêpriye, apa iya nyata.

La, kuwi êmbuh, nanging mungguhing aku iya isih ngandêl, mung lagi durung sumurup sababe bae.

Yèn pangandêl tanpa sabab digugu, apa ora aran gugontuhon.

Sumurup manèh kang kudu tak estokake karo kang ora.

Êndi wujude.

Nontona piwulang: gugu.

Gugup

Gugupan atèn sok gawe pituna, kowe kêsusu apa.

Punapa sae tamban.

Yèn kowe gêlêm pituna.

Gugup: pituna, tamban, pituna, pundi ingkang sae.

Rasakna dhewe.

Bênêr

Wong iku yèn lagi tinunggu ing bêgja saparipolahe kudu [ku...]

--- 146 ---

[...du] kabênêran, cartasarta. malah tinulad ing akèh, beda karo wong kang lagi tininggal ing bêgja, sanadyan anglakoni panggawe bênêr iya linuputake ing akèh, ananging wong yèn wis anglakoni bênêr, arêp golèk apa manèh, apa bakal mundur golèk kabênêran: anèh, apa sungsang buwana balik: tangèh. Ujaring sujana angêreanggêre. isih ana pati, ora ana barang langgêng.

Bênêr a

Bênêr iku dadi rêbutaning ngakèh, nanging panggayuhe akèh kang disangkani saka panggawe luput, rumasane gêlis kêcandhak, saupama panggayuhe mau disangkani saka panggawe bêcik, kira-kira mêsthi dadi bêcik têmênan, murni ing salawas-lawase, sanadyan lawas kêcandhake.

Bênêr b

Ora ana wong ora rêbut bênêr, apa sing kolakoni ing salawase iku luput, nyatane yèn mangkono, bocah dolanan tansah arêbut bênêr, saupama ora ana sing nakal, amêsthi tanpa gumêdêr, awit bênêr lupute ora bisa awor ngalela dhewe-dhewe, dadi ing dunya iki karêping manungsa mung diisèni luput, bênêre disingidake primpên arêp dianggo dhewe.

--- 147 ---

Bênêr c

Ngakoni kaluputan iku mêtu saka ing pakewuh kang kaping pindho, dening pakewuh kang kapisan wis linakonan rampung, nanging arang sing gêlêm, dipilampu angrakit têmbung kang bisa ngaling-alingi utawa ngilangake kaluputane golèk bênêr, ora sumurup yèn wêtuning uni utawa pratingkah luput, padha lan tibaning balang ing kalèn, ora bisa bali.

Bênêr d.

Ora ana wong ngaku luput, sanadyan ing batin wis sumurup dhewe ing lair iya isih ngaku bênêr, awit saka iku ora ana pêrlune pisan-pisan nutuh wong kêluputan, luput-luput salin babah dadi padu salin mungsuh.

Bênêr e

Ambênêrake kaluputaning kancane: ora mêsthi katarima, nanging yèn ora ambênêrake: cacad, duwe kandhutan ala supaya awake katon bêcik, ora sumurup yèn bêcike bisa malicatmalêsat. saka duwe kandhutan ala mau. Kapenake kudu mawang langit lan nganggo êmpan papan. P.B. 31-6.

Bênêr f.

Sanadyan pangrasane wis nindakake panggawe bênêr, nanging

--- 148 ---

wong akèh ora ngrujuki, iku pratôndha yèn luput, aja puguh pikirên dhisik dinganti kêtêmu.

Bandara

Andhisiki karsaning bêndara, iku ora mêsthi kêbênêran, sanadyan bênêr. P.B. 29-8.

Bôndha Bau

Witing katrêsnan ana rong prakara saka bôndha bau,

a. andanakake bandhane marang wong kang kêkurangan, kalawan iklasing ati, iku ora mung tinarima marang kang olèh pitulungan bae, iya uga olèh pangalêmbana saka ing liyan sarta olèh sihe sapadha-padha.

b. andanakake bau suku marang wong duwe gawe sarta wong kasripahan kalawan iklasing ati, uga tinarima marang wong kang kapitulungan, sarta ingalêm marang wong akèh gone enthengan bau, sanadyan ora urun apa-apa saka ora duwe, iya tinarima, dadi akèh wong kang asih trêsna.

Banyu

Tètèsing banyu bisa mêcahake karanging curi kang kêtiban, ya gene manungsa ora gêlêm ngajêgake kalakuan bêcik kang bisa mêcahake karanging kabêgjan.

--- 149 ---

Banjir

Akèh wong praon nuju ana banjir, sawênèh ana kang anggawa gamêlan disindhèni ing talèdhèk, sarta nganggo ombèn-ombèn banjur sumyak-sumyak, satêmêne mung nêtêpi wajibing manungsa dhêmên bungah, dene kang susah iya sing kabanjiran omahe, mulane nagara wajib têtulung, awit bapa babune wong cilik: nagara.

Bocah

Bocah kang pinardi ing kapintêran kalêbokake marang mulanganpamulangan. akire ora mung gawe kabêgjaning bocah iku bae, iya uga tumular ing akèh.

Bocah a

Anggêdhèkake atining bocah kang marga saka ing pangugung, iku prasasat awèh wisa marang awake dhewe, P. B. 31-4 v.o.

Bêcik

Ora ana barang langgêng, mung kabêcikan kang ora bisa sirna, sanadyan kang gawe bêcik wis ana ing jaman kailangan, kabêcikane iya ora bisa ilang, isih ditinggal ana ing ngalam dunya, wong kang duwe lêlabêtan mangkono, iku [i...]

--- 150 ---

[...ku] unusaning manungsa, patut dadi sudarsananing ngaurip. zie W. B. bêcik

Bêcik a

Yèn kowe gawe kabêcikan, simpênên ana ing pêthi, soroge titipna ing liyan, supaya kowe ora bisa ambukak isining pêthi kabêcikan, awit yèn kowe kang bukak, gandane: mambu, yèn wong liya: arum. zie W.B. bêcik a

Bêcik b

Aja sumêlang anglakoni panggawe bêcik, sanadyan ora kauningan ing panjênêngan nata dening kawaranan, ananging Gusti Allah anguningani saparipolahmu, bonggan sira ora pandhak mari anglakoni panggawe bêcik, dhêmên anglakoni panggawe ala, ora ngandêl marang pitulungan Allah kang durung tumiba. zie W. B. bêcik.

Bêcik c

Bêcik iku ora têdhas ing ala, suprandene arang sing dhêmên anglakoni panggawe bêcik, zie W. B. bêcik c.

Bêcik d

Bêcik kêtitik ala kêtara, sarèhning ala bêcik mêsthi bakal kawanguran, pêrlune apa nglakoni panggawe ala. [a...]

--- 151 ---

[...la.] zie W. B. d

Bêcik e

Nglakoni kabêcikan gênti winalês ing kabêcikan, mung olèh têmbung tanggap tarung: bêcik binêcikan dadi lagi jamak bae, utamane nglakoni kabêcikan kang tanpa pamrih, gandane ngambar nganti tutug ing suwarga.

Bêcik f

Kabêcikan langgêng: iku mitulungi marang wong kajantaka, ora olèh têtêmpuh pitunane.

Bêcik g

Kabêcikaning liyan tinulisa ing ati supaya nabêt ora bisa ilang ing salawas-lawase, nanging kabêcikane dhewe tinulisa ing lêmah supaya gêlis ilang tabête sirna tanpa tilas.

Bêcik h

Ambêciki marang pêpadhaning tumitah iku unusaning manungsa urip, Ki Padma: mung bisa kôndha bae. P. B. 29-4 v o.

Bêrkutut

Wong dhêmên ngrungokake anggunging manuk bêrkutut kang nganti kalêbu ing ati, nglirwakake utawa nyumênèkake pagaweane kang pêrlu, iku kalêbu ing bêbasan: mêrlokake [mêr...]

--- 152 ---

[...lokake] panggawe sunat, ora beda karo wong duwe gawe mantu sapêpadhane kang mêtokake wragad akèh, bungahe mung sawêngi tinêbas ing kasusahan pirang-pirang taun, suprandene tinêmah, kang nganggit mung bisa kôndha bae.

Bèrbudi

Wong bèrbudi iku bêcik, nanging yèn ora duwe dhuwit: butuh. zie W. B. bèrbudi.

Baksil

Aja wêdi marang baksil, atimu mundhak cilik, satêmêne ora ana makluking Pangeran kang urip ana ing awang-awang banjur malêbu marang cangkêming manungsa, sok ana urip, iya ana pencokane, ananing baksil iya tuwuh dhewe saka jroning wêtêngmu, bakale apa? golèkana dhewe. Mulane dingati-ati yèn pinuju môngsa kolerah.

Sêmôngka timun disirik sabab apa ? sing nganggit wani bae mangan sêmôngka timun: yèn mapan, nanging wêdi anggêlarake panêmune iki ana ing layang madubasa, awit nyulayani kawruhing dhoktêr, dadi mung dianggo dhewe, mung awèh pasêksèn bae sathithik, rêngêt kang ngrusakake gambar

--- 153 ---

sajroning gêdhah têrang ora saka ing jaba, awit saubênge didalit rapêt, sarta ora ditanduri wiji rêngêt, sabab apa thukul rêngête? pakolèhe pitutur iki aja wêdi marang baksil, nèk diwêdèni malah têka wis ana ing wadhukmu.

Budi arda

Nutugake budi arda, iku pakolèhe mung ngrusakake ati lan awake dhewe. P. B. 30-3 v. o.

Butuh

Kabutuhaning manungsa mung sapele, mangan ngombe mung sacukupe, ora bisa ngluwihi satakêre dhewe, nyandhang sapangadêg, ora bisa ngrangkêp nganggo liyane, bojo siji ora bisa êntèk, yagene munyal-munyal nganti tumiba ing sangsara, ora liya mung saka ora bisa ngunjara nêpsu, lupute dhewe, aja sok sambat ngaruara, Gusti Allah ora karsa mirêngake pasambatmu. zie W. B. butuh.

Botoh

Panitike ala bêciking ati, brètèn upayanên ana ing bangku, ulatna olèhe ngabotohan, laku nistha madya utama: kêcandhak ana ing kono, aja

--- 154 ---

maido, nyatakna bae, zie W. B. botoh.

Botoh en maling

Mênang ngabotohan, karo maling olèh-olehan, padha borose lan padha ngêbrèhe, saiki kalah ngabotohan, ati rusak, maling ora olèh-olehan, ati bingung, apa botoh iku padha karo maling, mara pethèkên, zie W. B. botoh a.

Batur

Yèn kowe ora dhêmên diumpak, wangsulana: yèn kobêr bêcik ngalêma awakmu dhewe bae, aku narima ora koalêm, sarta mung narima koladèni lan koturut barang parentahku. Baturmu amêsthi kapok mari ngumpak.

Basa en laku

Ngalah basa sakêcap laku satindak: ana ing pajagongan, iku dadi witing kaslamêtan, ananging arang kang bisa nglakoni, kang akèh: milawani golèk bênêr, môngka pancèn rampung mung winangsulan: kados inggih lêrês pamaibên sampeyan, kula ingkang lêpat: cuthêl, ora susah direwangi pathênthêngan, sing ngupahi sapa?

--- 155 ---

Besan

Wong katêkan besan iku dikormat sarta dibêcik boja kramamu, awit yèn ora mêngkono: sok nyatur. P. B. 34-5 v. o.

Balônja

Balônja iku mung dadi wayanganing kabêgjan, yèn bisa nyêmbadani playuning balônja, wayangan mau liru nyata, dadi sugih singgih.

Balônja a

Ngêntèni wêtuning balônja sanadyan ora bisa luwih saka 31 dina, rasaning ati kaya angêntèni timbule watu itêm, sabab apa barêng wis mêtu kosawiyah-wiyah tanjane.

Balaba Zie gêmi

Balaba a

Aja banjur ngalêm wong kang wèwèh marang kowe: yèn durung dialêm balaba marang wong akèh, awit pawèwèhe marang kowe yèn kanthi pamrih kêpriye, sing wêruh sapa.

Bapa

Kawajibaning bapa marang anak, kajaba awèh sandhang pangan sadurunge mêntas, awèh wiji pitutur bêcik, tinandurake [tinandur...]

--- 156 ---

[...ake] ing angên-angêning bocah, supaya tuwuh budine rahayu, sarta pinrêtêk ing piwulang kang amumpuni, iku bakal langgêng uripe kapenak, nganti tumêka ing pati dadi wong utama, beda karo anak kang dinama-dama, winehan rajabrana agung, inguja sakarêpe, iku ora mêsthi dadi bêcik, luput-luput malah dadi wisaning awake: bisa dadi papa, rajabranane wis andhisiki lunga jrone jibar-jibur.

Bapa en anak

Suka bungaha yèn kowe ginanjar dening Pangeran: duwe anak, nanging rumasaa yèn anak iku dadi têtanggunganmu gêdhe ing atase kuwajibanmu, mulane aja pêgat ênggonmu nglakoni kuwajiban mau: bapa dadi pangayomaning anak, dibisa murih wêdining anak marang bapa kongsi umur 20 taun, sarta dibisa mardi ngajèni marang bapa kongsi tumêkaning pati. Dene kuwajibaning bapa dadi paguroning anak kongsi umur 10 taun, nglungguhana dadi sudarmaning anak kongsi umur 20 taun, sarta dadia sumitraning anak kongsi tumêkaning pati, yèn lali mung dèn elikake.

Anggêgulanga anak tinanduran wijining kadarman, iku angluwihi utama tinimbang winuruk lakuning tatakrama, sarta pêrdinên [pêrdi...]

--- 157 ---

[...nên] anduwèni pambêgan sêtya tuhu, iku angluwihi ajining kawasisan, D. K. 1912. No 87. Piwulang Logevrijmetselaar, Vrijdenker.

Bapa biyung

Kabêcikan sarta katrêsnaning bapa biyung marang anak, aja sok dipamèr-pamèrake marang liyan, mundhak diewani, iku dudu prakara anèh, zie W. B. bapa biyung.

Bapa biyung a

Asihmu marang bapa biyung bisa saprapating sihmu marang anak: wis nyukupi, zie W. B. bapa biyung a.

Bapa biyung b

Bapa biyung iku kêtêmpuh mikir marang anake supaya ing têmbe bisa dadi wong mursid, ora cukup mung ngrupakake bôndha bau dipitayakake marang guru bae, iya uga kudu mikir marang kadadiyaning têmbe gone ngomah-omahake bisaa olèh bocah bêcik, yèn bocah lanang amiliha bocah wadon kang ayu rupane, bêcik atine, yèn anak wadon olèha bocah lanang kang pintêr trahing kartiyasa (= priyayi), zie W. B. bapa biyung b.

--- 158 ---

Bapa biyung c

Trisna marang bapa biyung iku unusaning manungsa, nanging lumrahe akèh sing sulaya atèn-atènane, wêdine mung lair dening kawisesa wiwit bocah nganti tumêka tuwa, atine pancèn nyulayani, mulane gênti winalês ing anake kang ditrêsnani iya patrap kaya mêngkono, kang mêngkono mau wis kudratullah kalêbu ing cakra panggilingan, mulane bapa biyung aja sêrik diwanèni ing anak. Sapa kang bisa uwal saka têtalining kudratullah, dadi unusaning manungsa: sumurup marang talêring urip.

Bapa biyung d

Katrêsnan marang bapa biyung iku tuking kabêgjan, nanging sing akèh mung lamis, malah sok ana sing ngarêp-arêp nuli olèha tinggalan, dene sing nyata trêsna marang anak putune, nanging kinosokbali anak putune gênti ora trêsna marang awake kayadene awake marang bapa biyunge mau. Satêmêne wis ora kêna ginayuh dening lakuning kudrat kudu mangkono: utang nyaur, nyilih ngulihake. Sarèhning wis têtela mangkono apa ora prayoga golèk oyoding kautaman, anggumantèni marang bapa biyung supaya olèha tambah ing sih, anyirnakake [anyir...]

--- 159 ---

[...nakake] katrêsnan marang anak putu binuwang marang gunung pacrabakan, pinardi anglakoni lara pêrih.

Bapa biyung e

Anak kang ngandêlake pitulunganing bapa biyung, amarga koncatan musthikaning kawruh: istiyar lali yèn bapa biyunge bakal ora langgêng trêsna lan rumêksane, dening prakara sapele: mati.

Bapa biyung f

Nurut parentahing bapa biyung iku: pait, sumurupe lêgi: yèn wis duwe anak.

Bodho en pintêr

Wong dèn arani bodho utawa pintêr, aja sêrik lan aja bungah karo pisan durung ana tôndha yêktêne,yêktine. kang sayoga mung mênêng. Nanging yèn diarani luput: môngka rumasane bênêr, kudu mratelakake bênêre, dianggêp utawa ora gumantung ana sing ngarani, awake mung narima.

Badhut

Dhêmên sasêmbranan iku wong lacut, yèn kêpatuh dadi badhut, ora kêna diandêl ing prakara pêrlu. Beda karo wong lucu, iku wis kudratullah, clathu baèn-baèn bae bisa gawe guyuning wong. Wong lucu dadi busananing pasamuwan, [pa...]

--- 160 ---

[...samuwan,] wong sêmbranan diewani, zie W. B. badhut.

Bêdhil kopong

zie macan ompong

Bedhang

Tutur satêmêne ora mêsthi kêbênêran, apa bêcik tutur goroh. Ora mêngkono, nganggo duga prayoga, kaya upamane sumurup wong bêbedhangan, andhêlik ana sawijining panggonan, ditakoni marang kang anggolèki, apa sumurup marang bêburone kang alaku jina, wangsulane: iya sumurup, nanging êmbuh parane. Paidahe: sapisan, ora goroh, kaping pindho murungake panganiaya kang diancamake, kaping têlu, nyidakake pangancam pamisesaning parentah kang tumiba marang wong luput: tanpa kara-kara, dening ora kêlacak kêpathak dosane, mêngkono pêpiritane. zin W.B. bedhang.

Bojo

Bojo siji ora êntèk, bojo loro kurang, bojo têlu saya kurang, mêngkono sabanjure. Kang ora narima siji padha siji iku nuruti ardaning ati, nanging apa ana wong kêtutugan karêpe, sanadyan panjênêngan [panjênêng...]

--- 161 ---

[...an] ratu, garwane pangrêmbe wis luwih sawidak, raosing panggalih dalêm iya isih kurang, apa ora mêngkono.

Bojo a.

Bojo kang luwih saka siji, ing salah sawijine ana kang ditrêsnani, lamun padha anak-anak, anak kang ditrêsnani ing bapa: mêsthi saka bojo kang ditrêsnani ing bapa, dadi katrêsnaning bapa marang anak, manut biyung. Anak liyane bêcik ora mèri, awit kalah atas.

Bojo b.

Bapa biyung kang murinani anak padu karo bojone, iku luput bangêt, ingatase wong bêbojoan, gênah yèn ora kêna dimurinani, kang murina pinggêting atine durung pulih, anake malah ambangun sih apêpasihan manèh.

Bojo c.

Bojo iku paringing Allah kanggo sajêge urip, môngka pêgatan, banjur padha omah-omah manèh, adate akèh sing ora lêstari, saka ora kabênêran, iya banjur pêgatan manèh, sarta banjur omah-omah, mangkono sabanjure, wusana dadi dhudha rôndha wis ora payu dole, mulane bêcike ora pêgatan bae,

--- 162 ---

utawa pêgatan, ora omah-omah manèh, utawa omah-omah manèh balèn karo bojone lawas.

Bojo d.

Bojo jaka lara kang wis 25 taun lawase, gumêbyar kaya salaka binêsut, wong Lônda ngarani: kawin perak, yèn wis 50 taun, sumorot kaya kancana binabar, wong Walônda ngarani: kawin mas, dene yèn wis 75 taun (mungguhing wong Jawa arang ana) prabane mawêlu kaya lintang karainan, wong Walônda ngarani: kawin intên. zie W.B. bojo.

Bojo e.

Saiki kêpriye olèhmu bêbojoan.

Sawêg kula manah.

Yagene wis kalakon koningkah lagi kopikir.

Anggèn kula ningkah saking dhawuhipun bapak, botên saking kajêng kula.

Bojo f.

Yagene kowe saiki ora dhêmên marang bojomu.

Amargi malih.

Maune katon apa.

--- 163 ---

Katingal intên.

Saiki katon apa.

Kados selong.

Bojo g.

Aja ngandhakake sêtya tuhu lan katrêsnaning bojo, tuwin kapintêran kasusilaning anak putu, iku prakaramu dhewe, pakolèhe mung gawe ewane wong kang kokandhani, dening kandhamu ngêmu rasa ngasorake marang wong kang kokandhani ngunggulake marang awakmu dhewe. Yèn nyata mangkono, iku dadi kuwajibaning liyan, prasasat kopêksa ngandhakake lêlakonmu saka pakone olèhmu mênêng, muwuhi aruming gandamu ngambar mrana-mrana.

Bayi

Andadahake bayi marang dhukun, iku mung kêlêbu adat kuna bae, sanadyan ana lêlakon kang anggêgirisi, kaya ta: kêslioning otot, kèsêring balung nganti dadi lan tiwase: iya ora bisa gawe mirising ati, upama ora didadah mung diêmêk-êmêk bae kêpriye, apa isih gêla. P.B. 30-8 v. o.

Biyung

Kuwajibaning biyung marang anak, mung gumati sarta awèh ujar manis, nanging aja dhêmên caturan kang ora ana gawene

--- 164 ---

lan aja dhêmên srêngên, mundhak marahi ora kajèn lan mundhak diwanèni, srêngên dadi kuwajibaning bapa, adate wong wadon iku juwèh, dene musthikaning wadon: mênêng.

Bumi

Sanyari bumi sadumuk bathuk, ngibarate prakara pêrlu (bumi lan bojo) ora kêna ngalah kudu sabênêre, nanging mungguhing prakara sunat aja mangkono, bêcik ngalah basa sakêcap laku satindak.

Bêgja

Bêgja cilaka atas saka karsaning Allah, dudu gaweaning manungsa, manungsa mung kari anglakoni, aja girang-girang gumuyu yèn lagi nêmu bêgja, awit kabêgjanmu bisa oncat ing dalêm sakêdhap netra. Kosokbaline aja ngêrsula nandhang cilaka, awit ora bisa rampung dening pangêrsulamu. Kang sayoga manungsa mung mikira kadadeyaning prakara kang durung kalakon, dèn araha dadine takdir bêcik. zie W.B. bêgja.

Bêgja a

Ganjaraning manungsa mungguhing Allah mung ana loro, bêgja lan cilaka, nanging dawane mung sakilan, wong bêgja dikaya ngapa iya isih kaslendhangan susah, mangkono uga

--- 165 ---

wong cilik iya isih kaslendhangan bungah, iya iku sing diarani: nyakra panggilingan, saupama ora mangkono manungsa ora kêlar.

Bêgja b.

Gumun marang wong kabêgjan, iku prasasat maido kuwasaning Allah.

Bathuk zie bumi.

Bungah

Kabungahan lan kasusahan dadi têtimbangane, yagene manungsa mung dhêmên bungah nuruti ardaning ati, barêng katêkan susah: bingung, maune sapa kang gawe.

Bungah a

Aja sok kêmba anglakoni pagawean kang ora katon malike, malah kang mangkono iku kang dèn upaya mungguhing wong kang wêning ing budi, awit yèn kêbênêran sanggitane, opahe pinangan anak bojone nganti tumêka ing pati ora êntèk. Wong potang bêcik marang pêpadhaning urip, aja manèh marang nagara, bungahe kêtêmu ing buri. Mulane aja sok ngrêsula, kliru sêsambatmu, pancèn bêcik ora sambat, jêbul sambat, cilakamu kogawe dhewe.

--- 166 ---

Bungah en susah

Ora ana kabungahan kang ora kanthi kasusahan. Rèmèh-remehan, lagi bungah nunggang siyas plêsir mênyang Pacitan, nuli katêkan susah kodanan kongsi kalêbus, ora bisa ngeyubake siyase anyar kang lagi didhêmêni. Dene bungah gêdhèn-gêdhèn, tinunggu ing wong tuwa (bapa) minulya, trêsna asih marang wong nom, (anak putu enz) gêdhe pawèwèhe, disulayani cilik-cilikan bae. Apa, kêdadak tinggal dunya. Mulane wis têtela têrang, ora ana barang kang luwih adi, kang luwih aèng, awit isih kêna disambungi têmbung: bae, kaya ta: dhuwit sèwu rupiyah, sanadyan wong gêdhe iya ngarani wis akèh, aja maneh wong cilik oraa saya ngarani akèh, ewadene yèn sinambungan têmbung: bae, dadi sathithik, mari akèh, padha uga bedane urip karo mati.

Door Ms. Ng, Rêksadipraja.

Bangun turut

Anggugu ujaring wong ngatuwa-tuwane sarta gurune iku amêsthi ora kêduwung. P.B. 28-2.

--- 167 ---

Ngarab

Kasugihane eyang Ngarab adol kawruh ing agama Islam, nyurupake swarga naraka, wong mati kang kabênêran munggah swarga diladèni widadari sakêthi kurang sawiji, (tujune kurang siji dadi isih kuciwa) yèn kaluputan (kêsasar) kêcêmplung ing naraka jahanam, mulane padha bangêt wêdine, angestokake barang pituduhe, dalah barang darbèke dijaluk iya diwèhake, malah karêmêne, eyang Ngarab sok dhêmên ngrusak pagêr ayu, jarene ora dadi ngapa, mulane iya dimaklumi saking rumasa binêcikan winêruhake kang samar-samar.

Ngisa, nabi ...

Têkaku ora nganggo kaluwihaning têmbung utawa kapintêran. Indj. 343. art 2 r 1.

Ngisa, nabi ... a

Pituturku utawa piwulangku ora nganggo pitêmbungan kawasisaning pangipuk, Indj 343 art r 6.

Ngisa, nabi ... b

Panggunggung iku ora prayoga, kowe padha ora sumurup yèn ragi sathithik anapèkake jaladrèn kabèh, Indj 347 art 5. R. 10.

--- 168 ---

Ngisa, nabi ... c

Pangandikane Kangjêng Nabi Ngisa, isining jagad ora ana barang kang ora kêna pinarentah marang manungsa, gajah tutut dening angkus, macan bisa anjilma, jaran rinèh ing kêndhali, kêbo sapi cukup kinêlohan irunge, pinupuh ing pêcut malah miturut sakarêping manungsa, prau kang katêmpuh ing prahara bisa mingêr dening pangrèhing kêmudhi, tumuju marang ing panggonan kang dadi karêpe, sanadyan gêni, banyu utawa angin iya kêna pinarentah, mung ilat iku kang angèl dhewe rèh-rèhane. zie Indj. II 469 III.

Ngêlèh

Ngêlèh iku dadi tuking kawarasan, sabên krasa ngêlèh môngka banjur mangan, sanadyan lawuhane mung sawiyah iya duwe rasa enak, kosokbaline warêg, iku dadi tuking bêbaya, yèn dipangani bisa dadi sambekalaning uripe, tur rasaning pangan sanadyan enak ora mirasa, suprandene akèh sing dhêmên anggranyah karo bêlah. zie W.B. ngêlèh.

Ngêlèh a.

Yèn mangan golèka lawuh gêrèh lapa. Amêsthi sarwa mirasa kang kalêbu ing cangkêmmu.

--- 169 ---

NgêlèhNgêlèh b.

Ngêlèh iku tuking kawarasan, sok wonga duwe rasa ngêlèh, awake iya waras, yagene manungsa ora dhêmên ngêlèh pilampu anggranyah mangan ora mirasa.

Manungsa yèn ginanjar lara disaji-saji pangan, durung arêp mangan dijujok-jujokake, sumêlang mênawa mati kalirên dening ora mangan, nanging khewan ora mêngkono, yèn lara mung mênêng bae, ora gêlêm mêmangan, sabên wis gêlêm mangan iya wis waras, apa pintêr khewan tinimbang karo manungsa, khewan sumurup marang kudratullah, manungsa: ora.

Kang sayoga wong lara aja mêmangan, wong waras aja anggranyah, apa kowe ora isin andêlêng pratingkahing manuk, manuk yèn wis warêg talisik, ora tansah golèk thotholan kaya kowe.

Ngêlèh c

Sae pundi ngêlèh kalihan tuwuk.

Karo pisane ora ana sing bêcik.

Kadospundi têgêsipun ngandika sampeyan.

Wong dhêmên ngêlèh: dhèwèke dudu dewa, wong dhêmên warêg: mundhak kaya kêbo, kang pinikir mung warêging wêtêng banjur anjêrum ana ing plegungan sêmbari anggayêmi, kowe

--- 170 ---

dewa apa kêbo.

Dede sadaya, namung manungsa limrah.

Yèn manungsa lumrah aja anggayêmi, bêcik nyambut gawe, sandhang pangan mêtu saka ing kono, ngêlèh: madhang, arip: turu, kêsêl: lèrèn.

--- 171 ---

Verkorting,

Art = Bab

Bov. = ing nginggil

Enz = sasami (salajêng) nipun

Indj. = Injil

K. N. = krama ngoko

Lett. = aksara

M. N. IV = Mangkunagara IV

Niet = botên

Of = utawi

P. B. = paramabasa

P. S. = paramasastra

Voorb = tuladha

W. B. = wulang bêcik

W. Sw. = wanita swara

Zie = ningali