Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Paribasan, Aryasutirta, 1931, #788

Katalog:Paribasan, Aryasutirta, 1931, #788
Sambung:-

Paribasan

Katêrangake sarana dongèng dening Radèn Mas Aryasutirta ing Bojanagara

Kawuwuhan dening Dwijaharsana lan Mas Samsodin ing Purwakêrta

Kaêcap ing pangêcapane Kangjêng Gupêrmèn ing nagara Batawi taun 1931

--- 2 ---

1. Bocah wingi sore

Si Jayadrana lêlungguhan karo sadulure kang lagi têka, aran Singamêja. Si Singa nyaritakake lêlakone, ênggone omah-omah ana ing nagara mônca, sarta takon mungguh kaanane Si Jaya, wangsulane Si Jaya, yèn slamêt kabèh, malah wis olèh anak lanang siji, aran Sardi. Si Sardi banjur diundang bapakne, ditêmokake pamane. Barêng Si Sardi têka, banjur takon marang bapakne, têmbunge: Bapak iku sapa. Bapakne mangsuli: Iku pamanmu dhewe, thole. Calathune Si Sardi: Lo, aku têka durung tau wêruh si paman kuwe, apa lungane aku wis ana. Wangsulane: Durung, thole, kowe rak bocah [bo...]

--- 6 ---

[...cah] wingi sore bae, lungane pamanmu wus ana wolung taun, môngka umurmu lagi nêm taun. Si Sardi calathu manèh: Lo aku wis umur nêm taun, ta, pak, ya gene têka koarani bocah wingi sore. Bapakne mangsuli: Mulane dakarani mangkono, mung mratelakake, yèn saking isih bocahmu.

2. Amburu udhèt kelangan wêlut, utawa: amburu ucêng kelangan dêlêg

Ana kaji nunggang jaran karo anggawa wêdhus siji, dicancang ing buntuting jaran, arêp didol mênyang pasar.

Lakune wus sawatara adoh, tumuli mlengak anolih, wêdhuse wus ora ana katon. Banjur takon marang wong kang kabênêran ana ing kono. Wangsulane kang tinakonan: [tinakona...]

--- 7 ---

[...n:] Ênggih, kula wau wêruh, wêdhus dika dituntun wong, nanging saniki êmpun menggok têng dalan têrusan nika, wikana lajênge, dawêg ta dika buru, jaran dika kula cêkêlane.

Kaji ora srônta atine, banjur mudhun anggolèki wêdhuse, jarane dikon nyêkêli wong mau. Barêng wus suwe olèhe anggolèki ora kêtêmu, banjur bali mênyang panggonaning jarane, nanging jaran sawonge wus ora ana. Kyai kaji bangêt kaduwunge, ngrasakake lêlakone mau, tumuli mulih kambi ngusapi êluh.

3. Wong tuwa ala-ala malati

Ana sadulur loro kêmbar, karone padha ngingu godhèg. Kang tuwa aran Sarkam, kang ênom Sarman. Anuju ing sawiji dina sadulur loro mau ngundang [ngu...]

--- 8 ---

[...ndang] juru cukur, arêp dikon nyukur godhège. Satêkane juru cukur banjur kaajak lumêbu ing sênthong. Si Sarkam kang dicukur dhisik. Barêng panyukure wus olèh sasisih, Si Sarkam calathu, yèn arêp mêtu sadhela, sabab ana gawene prêlu. Sawise mêtu Si Sarman lumêbu, lungguh ing panggonane Si Sarkam nalika dicukur. Juru cukur arêp miwiti nyukur manèh, nanging bangêt kagète, jalaran andêlêng jenggot lan godhège Si Sarkam kang dicukur mau wus thukul manèh, pangirane awake ana kang ngridhu, saking bangêting kagète, nganti sumrêpêt panone.

Sasuwene juru cukur sumrêpê, Si Sarman mêtu saka ing sênthong, digêntèni kakange manèh. Barêng juru cukur eling, sangsaya wuwuh gumune, andêlêng godhège Si Sarkam wis ora ana manèh, banjur takon marang Si Sarkam, kapriye dununge, mungguh prakara kang idêlêng mau. Si

--- 9 ---

Sarkam mrasajakake apa anane. Juru cukur bangêt ora kadugane, rumasa yèn awake kagawe guyon. Sawuse rampung panyukure, banjur pamit mulih.

Ora antara lawas sadulur loro mau tubina ing lara, awit saka ing prihatine, rumasa kaluputan ênggone anggawe guyon kaki juru cukur. Larane mundhak dina mundhak nêmên, nganti andadèkake patine.

Mulane, wong ênom-ênom, dieling marang unine bêbasan iki: wong tuwa ala-ala amalati, iku bênêr.

4. Ula marani gitik

Ing wayah sore Mas Krêta dolan-dolan ing sapinggiring kali, lakune têkan ing cakrukan, tumuli lèrèn. Ora [O...]

--- 10 ---

[...ra] antara suwe ana wong têka, ambêkane krênggosan. Mas Krêta takon kang dadi sababe. Wangsulane, ora apa-apa, mung saking kêsusune bae. Sawuse calathu mangkono, banjur milu ngaso. Barêng ambêkane wus sarèh, tumuli bêbisik marang Mas Krêta, têmbunge: Kang, dika kula tuturi, nanging êmpun dika critakake têng liyan. Kula wau bêngi maling têng desa nika, olèh-olèhan kula rupa ali-ali, kang kula anggo niki, yèn dika rujuk, dawêg didol wong loro, pêpayone ênggih diparo.

Mas Krêta mau satêmêne kapêtêngan, barêng krungu mangkono, rindhik asu digitik ênggone nampani ali-ali. Wonge banjur diajak lunga, awade arêp ngêdol ali-ali, si maling iya nurut bae.

Lakune Mas Krêta anjujug ing kadêmangan, [kadêmanga...]

--- 11 ---

[...n,] sarta masrahake si maling lan barange. Barêng prakarane wus kapriksa, carik kadêmangan banjur calathu kaworan gumuyu marang si maling, têmbunge: Pancèn, lêlakonmu iku nyèplêsi unine paribasan: ula marani gitik.

5. Uyah kêcêmplung ing sagara

Ing jaman kuna ana sudagar sugih, nanging lawas-lawas kablingêr ing lakune, awit saka ing panggodhaning mitra karuhe. Sabên dina mitra karuhe padha têka ing omahing kyai sudagar, ngrêmbugi kang ora-ora, sarta ngajak ngabotohan. Saking kêrêping pambujuke, kyai sudagar ing wasana miturut.

Wiwite ngabotohan saka sathithik, lawas-lawas mundhak gêdhe, sabab kyai sudagar wus karêm, yèn ora ngabotohan [ngabo...]

--- 12 ---

[...tohan] sadina bae, kêtagihan.

Salawase ngabotohan kyai sudagar ora tau mênang, kalahe sabên dina mundhak akèh, nganti barang darbèke kang ana ing sajroning omah êntèk. Yèn ana sor-sorane têka anggawa dhuwit pêpayone barange, banjur kagawe ngabotohan manèh, iya bablas.

Kyai sudagar wus ora mikir pisan-pisan marang pagawean liyane, lawas-lawas sugih utang. Tumiba ing kamlaratan. Barêng wus bangêt miskine, lagi duwe kaelingan, yèn patrape ora bênêr. Wiwit iku banjur ngati-ati sarta kêrêp calathu mangkene: Ilanging barangku prasasat: uyah kêcêmplung ing sagara.

--- 13 ---

6. Wêlut didoli udhèt, utawa: cina didoli dom

Biyang Sari motangake dhuwit marang tanggane, kèhe pitung reyal. Sarèhne wus têkan janjine, môngka tanggane ora gêlêm ambayar, banjur ditêkani. Satêkane ing kono Biyang Sari calathu, têmbunge: Bibèkne, kula sesuk ajêng lunga têng Sragèn, nanging cacade botên duwe suwêng, yèn lêga suwêng dika kula silih, saulih kula saking Sragèn, kula balèkake. Saure tanggane: Kula niki lêga mawon, nanging saniki suwêng kula lagi kula kêmpitake, dadi botên bisa têtulung têng dika. Biyang Sari tumuli pamit mulih. Salungane Biyang Sari, tanggane calathu: Aku wus wêruh karêpe, yèn suwêngku wus katêkêm ana ing tangane, banjur diubêng-ubêng, digawe cêkêlan [cêkê...]

--- 14 ---

[...lan] utangku, iki paribasane: wêlut didoli udhèt, utawa: Cina didoli dom.

7. Ambuwang rase nêmu kuwuk

Si Krama duwe bojo ayu, nanging kêsèd, ora tau nyambut gawe, mulane bangêt ing susahe, kayane pinangan ing sadina-dinane tansah ora nyukupi, jalaran ora ana kang ngrewangi golèk pangupajiwa, sarta ora ana kang mrigêlake ing sajroning omah. Samôngsa ngatag kang wadon, tansah disêmayani bae. Saking kakuning atine banjur dipêgat, karêpe arêp golèk bojo manèh kang pêthêl.

Kalaksanan Si Krama rabi manèh, wiwitan bojone anyar bangêt pêthêle, andadèkake bungahe Si Krama. Nanging barêng wus têlung sasi lawase, pêthêle [pê...]

--- 15 ---

[...thêle] bojo anyar ilang, gawene ora liya mung turu bae. Ora pêdhot gumune Si Krama, dene sing wadon owah watake, ilang tabêrine. Apa baya kang dadi sababe.

Ing wayah sore Si Krama lunga, barêng mulih, bojone katêmu turu, nyandhing clupak lan bêdudan, sarta ana tlêkêm siji sumandhing, isine ora liya mung layang gadhèn bae. Si Krama bangêt kagèt sarta kaduwunge, bojone tumuli dipêgat. Calathune: Ênggonku mêgat bojoku kang dhisik sarta olèhku rabi manèh prasasat paribasan: ambuwang rase nêmu kuwuk, utawa: ambuwang pace nêmu kudhu.

8. Kêpatèn obor

Ana wong aran Kartipeya, lunga mênyang

--- 16 ---

nagara mônca. Sarèhne dhèk jaman samana durung ana dalan sing prayoga, lakune kêsasar ing sawijine desa cilik, ing kono katêmu karo wong kaki-kaki. Si Karti ditakoni, saka ngêndi pinangkane, lan mungguh kêkarêpane. Wangsulane: Kyai, kula saking nagari Bauwarna, kesah kula ngupadosi sadhèrèk, awit sampun lami kesahipun saking griya, dèrèng wontên wangsul. Wong kaki-kaki takon manèh: Mungguh dêdêg pangadêge sadulurmu kang lunga iku kêpriye.

Kartipeya banjur nuturake kabèh, sarta dicaritakake, yèn lungane saka ing omah, wus antara sapuluh taun lawase. Kaki-kaki sumambung: Yèn mangkono adhimu wus mati, sabab wus têlung katiga saprene, aku kadhayohan wong, nyamlêng kaya kang kocaritakake mau, nanging durung nganti daktakoni, wus [wu...]

--- 17 ---

[...s] kasêlak lara bangêt, nganti andadèkake tiwase. Ananging kang samono mau, aku ora wani ngêcupi, nyata adhimu apa dudu, mulane bêcik tutugna anggonmu anggolèki sadulurmu iku aja nganti kapatèn obor.

9. Anggênthong umos

Êmbok Rana duwe anak wadon siji aran Si Urip, wayahe lagi rumaja putri. Sarèhne êmbok Rana ora duwe anak liyane manèh, mulane bangêt anggone ngêla-êla, sarta diugung ing sakarêpe.

Barêng anake wis diwasa, banjur ditanggênah nyêkêl barang darbèke, nanging kadadeane ora bêcik, sabab lawas-lawas barange êntèk ora karuwan. Si Urip ditakoni ora bisa andunungake. [andununga...]

--- 18 ---

[...ke.] Calathune bok Rana: Êbèng, barangku kang wus ora karuwan dununge, iya uwis, nanging wiwit ing dina iki, kowe dingati-ati, sabab pêpêthingane wong urip, gêmi sarta ngati-ati, apa manèh ngajèni marang pêparinge Gusti Allah, aja nganti anggênthong umos. Yaiku bêbasane wong ngêbrèh.

10. Kêmladhehan ngajak sêmpal

Ana Cina manggon ana ing desa, duwe batur siji saka ing nagara mônca, pagaweane tabêri sarta bêcik, nanging Cina mau ora sumurup, yèn bature wong inggat-inggatan, sarta ora krungu undhang, yèn ora kêna kanggonan wong mônca, yèn durung kalapurake dhisik.

--- 19 ---

Ora antara lawas ana kajinêman kautus parentah, nyêkêl wong, kang aran Sarba. Kajinêman banjur nitik ing omahe Cina mau, takon apa duwe batur anyar, wangsulane kang tinakonan: Duwe. Bature tumuli diundang, satêkane batur, kajinêman ora pangling, yèn iku bêburone, kang aran Sarba, banjur dicêkêl sadaokene pisan. Kaluputane, dene kanggonan wong samono lawase, ora nganggo lapur, kaewokake wong kang anyingidake bêburoning nagara. Sabanjure padha tômpa paukuman apa bênêre. Saluware saka ing paukuman, Cina mau kêrêp calathu mangkene: Si Sarba iku pêpadhane: kêmladhehan ngajak sêmpal.

--- 20 ---

11. Cindhil ngadu gajah

Ana bupati kagungan abdi mantri kêkasih siji, sabarang ature kagêga bae, awit saka iku mantri mau bangêt gêdhening atine, patrape marang sapadha-padhane sawênang-wênang, tur tumbak cucukan, dhêmên ngancur-ancuri, nanging pagaweane dhewe ora tau dipaèlu.

Asistène ing nagara kono barêng pirsa, yèn pagaweane mantri bangêt kèthère, banjur kadhawuhan, yèn isih mangkono kalakuane, bakal kapocot saka ing pagaweane.

Mantri bangêt ing susahe, krungu dhawuh mau, banjur mêtu tekade ala, matur ngomôndaka marang ingkang bupati, mungguh saruning patrape asistène. Ing Nalika samana ingkang bupati congkrah karo [ka...]

--- 21 ---

[...ro] asistène, sabanjure tuwan asistèn ngalih saka nagara kono. Dadi mantri mau kêna kabasakake: cindhil ngadu gajah.

12. Kacang môngsa ninggala lanjaran

Ana wong sugih, dolan-dolan mênyang desa, kêpêthuk karo bocah cilik siji, isih wuda mlaku ijèn. Wong sugih banjur takon marang bocah mau, têmbunge: Thole, kowe anake sapa. Wangsulane, ora wêruh jênênge bapakne, awit wong tuwane karo pisan wus lawas anggone mati, sarta ora ana kang gêlêm ngopèni marang awake.

Wong sugih wêlas marang bocah mau, tumuli digawa mulih, digulawênthah, dijênêngake Dite. Banjur dipasrahake

--- 22 ---

marang guru, lawas-lawas kanggêp kapintêrane, banjur dadi panggêdhening desa.

Antara limang taun ênggone dadi panggêdhening desa, Si Dite digugat ing wong sadesa, prakara olèhe sawênang-wênang marang darbèking liyan. Ing wasana Si Dite kabuwang sarta kapocot saka ing kalungguhane. Dene satêmêne Si Dite iku anaking maling, patine marga tinumbak ing wong. Saking alaning kalakuane, nganti ora ana kang sudi ngopèni turune, mulane bênêr ujaring paribasan: kacang môngsa ninggala lanjaran.

13. Awor sambu

Ana kapêtêngan dikongkon dêmange, golèk katrangane kècu, nanging lungane wus lawas durung olèh gawe, banjur ngrucat [ngru...]

--- 23 ---

[...cat] panganggoning kapêtêngan salin cara bangsat.

Ing wayah bêngi kapêtêngan mau nginêp ing omahe wong kang wus kondhang alane. Ing kono padha sêsêretan. Tumuli rêrasan karo kang duwe omah, sêngadi arêp ngampak. Wangsulane kang duwe omah tanpa duga-duga: Kula botên rêmbug, yèn ajêng ngampak saniki, dika antarakake sêpuluh dina êngkas, sabab parentah lagi utusan anggolèki kècu, nanging watara kula, botên bisa kêcêkêl, awit kula kang dadi kêpalane.

Esuke kapêtêngan mau pamit mulih, banjur anjujug ing kadêmangan, sarta ngaturi uninga olèhe awor sambu. Ing wasana gêntho mau kacêkêl ing parentah.

--- 24 ---

14. Kalah cacak mênang cacak

Adhine Wirajaya nêmu kaluputan banjur kinunjara. Anuju ing sawijining dina Si Wirajaya rêrêmbugan karo Si Krêta, calathune Si Wira: Kula ajêng sowan kyai jaksa, nyuwunake pangapura adhi dika, lah rêmbuge si kakang kêpripun. Wangsulane Si Krêta: Yèn rêmbugku, dhi, bêcik kowe aja mênyang, sabab prakarane adhimu wus karuwan lupute, mokal yèn olèha pangapura. Calathune Wirajaya: Ênggih ta, kang, sanadyan mêkotêna, ambokmanawa ontên bêgjane, mulane: kalah cacak mênang cacak ênggih ajêng kula ayoni.

--- 25 ---

15. Ambanyu mili

Ana bocah loro padha lêlaku, kang siji aran Karman sijine Sodi, barêng wus suwe lakune, banjur padha lèrèn ing sangisoring wit soga.

Ing kono Si Sodi krungu swaraning gambang, banjur calathu marang Si Karman, têmbunge: Kang, apa kowe krungu swaraning gambang iki. Wangsulane: Iya krungu. Si Sodi calathu manèh: Satêmêne aku gumun, dene ing kene ana wong bisa anggambang mangkono, kêna diupamakake ambanyu mili. Si Karman takon: Kêpriye dene kowe bisa ngarani mangkono. Wangsulane: Mulane aku bisa ngarani mangkono, awit panggambange ajêg sarta êmpuk. Si Karman calathu: Liyane panggambang, apa isih ana kang kabasakake ambanyu mili. Wangsulane [Wangsula...]

--- 26 ---

[...ne] Sodi: Iya isih ana, yèn ana wong pêndhak taun mantu, iku uga kabasakake: ambanyu mili.

16. Sadawan-dawane lurung isih dawa cangkêmSadawa-dawane lurung isih dawa gurung (dan di tempat lain).

Ing Surabaya ana sudagar sugih, duwe anak matane mung siji, dene sisihe mung gatra bae. Kyai sudagar bangêt wirange, anake kang ina ora tau digawa mêtu saka ing omah, pamurihe aja nganti ana wong kang wêruh. Nanging luput panyiptane, awit ora lawas panggêdhening nagara kono mirêng pawarta, yèn anake kyai sudagar, matane mung siji, barêng kanyatakake nyata.

Sadina iku uga wong sanagara mèh padha krungu kabèh, banjur padha têka ing omahe kyai sudagar. Kyai sudagar kagèt sarta takon, mungguh gawene

--- 27 ---

wong akèh mau. Wangsulane, arêp andêlêng bocah kang matane mung siji.

Kyai sudagar bangêt gumune, dene anake wus kawarta ing akèh, calathune: Dakrasakake, têka bênêr ujaring wong: sadawan-dawane lurung isih dawa cangkêm.

17. Calak ora pacak

Ana bocah aran Saridin, bangêt juwèhe, yèn ana wong caturan banjur disêlani.

Anuju ing sawijining dina, bapakne kêdhayohan pamane, bapa biyunge padha nêmoni ing gandhok. Barêng Si Saridin wêruh, iya banjur milu nêmoni. Pak Saridin ditakoni sadulure kang lagi têka, têmbunge: Kakang, kula nêdha pirêmbag sampeyan, kala wingi radèn mantri dhatêng

--- 28 ---

ing griya kula, nakèkakên putra sampeyan pun Si Ndhuk Ami, badhe kaangsalakên putranipun piyambak. Punapa kakang rêmbag, punapa botên. Wondene atur wangsulan kula taksih mêngêng, sabab dèrèng sarêmbag kalihan para sadhèrèk. Pak Saridin durung nganti mangsuli, anake wus sumambung dhisik, têmbunge: Paman yèn saka rêmbugku, si adhi kae, bêcik didhaupake karo anake siwa bae, sabab saiki wis pintêr, bisa maca têmbung tur bisa ngaji. Bapakne nyêntak: Hèh bocah, lungaa mrana, salawasmu kowe kuwe kumaki, kawuwuhan: calak ora pacak.

18. Angon môngsa

Si Jaya kôndha marang Prawira, têmbunge:

--- 29 ---

Mas, Krama wau sanjang têng kula, yèn kêpandungan têlas-têlasan, prasasate êmpun dicukur nganggo didamoni, tuture: Yèn griyane sabên dalu ênggih dijagi, malah panjagine sok nganti byar. Nanging wêktu niku nuju jawah, sarta siyange Si Krama anggêbyah, dados ênggih kêsêl bangêt, dalune lajêng tilêm mawon, sêdalu botên ngalisik, enjinge sêk sumêrêp yèn barange êmpun gusis, gumune Si Krama mung angsale kalêrêsan. Wangsulan kula: Krama, apa wong dadi maling mono bodho, salawase wong mêmaling amasthi angon môngsa.

19. Car-cor kaya wong kurang janganan. Ora ngubêngake jôntra, têka kêdhayohan wong edan

Anake Sajaya kang aran Sakiman,Si Kiman. [Sakima...]

--- 30 ---

[...n,] ing wayah sore diundang tanggane kêndhurèn. Sawuse padha mangan, Si Kiman wiwit calathu, têmbunge marang kang duwe omah: Wakane, sampeyan sumêrêpa, yèn kesahe ipe kula niku botên barès. Satêmêne ditundhung kalih bapak, sabab angsale rêmên main, ngantos nêlasake barang. Pamirêng kula anak sampeyan ênggih mêkotên, niku sampeyan sing lêpat, sabab tiyang sêpuh botên sagêd anjagi têng anak. Kang duwe omah mangsuli kambi muring-muring: Hèh bocah murang tata, muni sagêlêm-gêlême, têka car-cor kaya wong kurang janganan. Kambi gumunku, dene ora ngubêngake jôntra, têka kadhayohan wong edan.

--- 31 ---

20. Kakèhan galudhug kurang udan

Bocah kang aran Si Dayun sok ngumbar kasaguhan marang kônca-kancane, nanging ora tau têmên, mung sauni bae.

Ing wayah sore Si Dayun dolan ing alun-alun kambi bocah akèh. Ing kono mêtu kasaguhane manèh, têmbunge: Hèh kônca, mêngko bêngi mênyanga ing omahku, dakwènèhi srutu niji.

Barêng bêngi kônca-kancane têka têmênan. Nanging Si Dayun digolèki ora ana, andhêlik ing buritan, sabab sumêlang yèn ditagih kasaguhane, awit satêmêne ora duwe srutu. Kônca-kancane bangêt muring-muring, banjur padha bali kambi calathu: Si Dayun kuwe ora sapisan iki bae olèhe ngumbar kasaguhane ora dituhoni, [dituho...]

--- 32 ---

[...ni,] dhasare bocah kakehan galudhug kurang udan.

21. Kêriga têkan cindhile abang

Ana bocah lanang loro, kang siji aran Papa, sijine Dira. Si Papa gawene ngadu-adu, dene Si Dira dhêmên padu.

Ing wayah sore Si Dira lêledhang mênyang pasar karo bapakne. Ing kono kêpêthuk satrune kang aran Kanti. Barêng Si Dira wêruh satrune, banjur misuh sarta arêp nabok. Sarèhne Si Kanti ijèn, dadi ora wani mangsuli, ethok-ethok ora krungu.

Esuke Si Papa têka ing omahe Si Dira, tutur yèn Si Dira arêp dicêgat Si Kanti, sabab ora trima dipisuh-pisuhi [dipisuh...]

--- 33 ---

[...-pisuhi] wingi kae, malah bapakne iya arêp ngrewangi. Wangsulane Si Dira: Apa aku kokira wêdi karo wong busik mangkana, kêriga têkan cindhile abang, aku môngsa mirisa.

22. Kêrig lampit

Ana priyayi lêlungan nunggang jaran karo bature, lakune ngambah ing alas tuwa. Barêng lakune wus antara nêm jam, têka ing desa gêdhe, nanging ora ana wonge siji-sijia. Priyayi mau banjur takon marang bature, têmbunge: Sababe apa, dene desa gêdhe mangkene suwung. Wangsulane: Pamirêng kula, tiyang ing dhusun ngriki sami kêbut larut kesah sadaya, sabab sami miris kagodha ing sima utawi sagawon ajag, ingkang sami manggèn ing wana agêng punika. Sampun asring

--- 34 ---

kemawon têtiyang ing ngriki kecalan lare utawi rajakaya. Priyayi takon manèh: Apa macane wus ana kang kacêkêl. Wangsulane: O, sampun kathah ingkang kapêjahan, nanging sarèhne sima prasasat tanpa wicalan, mila prasasat botên suda manawi namung kalong satus kemawon. Lami-lami tiyangipun sami giris, lajêng sami kêrig lampit, nilar bale pemahanipun.

23. Kêbo nusu gudèl

Si Kêrtadrana duwe anak lanang mung siji, aran Jalidin, dipuruhitakake ing pamulangan gêdhe. Ora antara lawas Si Jalidin mulih, sabab wis cukup kawruhe. Ing sarèhne Si Kêrtadrana cotho bangêt marang kawruh, mulane satêkane anake, dikon mulang dheweke, calathune: [calathu...]

--- 35 ---

[...ne:] Din, aku wurukana kawruhmu kang aèng, ora ketang dibasakake: kêbo nusu gudèl.

24. Kere munggah bale

Anuju ing sawiji dina Si Sakiya dolan-dolan kêpêthuk adhine, banjur ditakoni, têmbunge: Kowe saka ing ngêndi. Wangsulane: Aku saka ing alun-alun, andêlêng priyayi akèh padha lêlênggahan ana ing paseban, ing kono aku wêruh anake sudagar, kang omah ing kana kae, milu lêlungguhan. Aku takon sababe apa dene kacacah, kang daktakoni mangsuli: Mulane kacacah marga wus milu urun dhuwit akèh tumrap karamean gêdhe, tingalane sang prabu. Calathune adhine: He, têka nyamlêng kambi unine paribasan: kere munggah bale.

--- 36 ---

25. Ninggal bocah ana ing waton

Ana bocah aran Sodin, ngèngèr wong adol balapêcah. Anuju ing sawijining dina lurahe lunga, Si Sodin dikon nunggu dhasarane. Ing nalika samana tanggane nuju nanggap topèng, saking karême Si Sodin marang tontonan, banjur lunga nonton, dhasarane ditinggal.

Ora antara suwe lurahe têka andêlêng dhasarane ora ana kang nunggoni, Si Sodin digolèki, kêtêmu nonton topèng, lurahe bangêt nêpsu, calathune: Kowe kuwe sêmbrana têmên, olèhmu ninggal dhasaran prasasate: ninggal bocah ana ing waton. Tujune ora diidak-idak ing wêdhus utawa dicolong ing wong.

--- 37 ---

26. Nututi layangan pêdhot

Ing wayah bêngi Pak Suta kelangan kandhi isi kacang ijo, esuke lapur marang kyai bêkêl. Sanalika kyai bêkêl kongkonan anggolèki sakiwatêngêning desa, sarta anggledhahi omahe wong ing desane dhewe, nanging ora kêtêmu.

Sarèhne kyai bêkêl sumêlang yèn diluputake parentah, mulane banjur kongkonan manèh wong têlu, diopahi nyaringgit. Ênggone anggolèki wus olèh salapan dina, durung olèh titik, malah-malah kyai bêkêl isih kelangan dhuwit manèh kanggo ngopah-opahi.

Gunggunge dhuwit kang kagawe golèk katrangan wus tikêl sapuluh kambi ajine kacang mau, nanging mêksa durung bisa olèh [o...]

--- 38 ---

[...lèh] katêrangan. Kawuwuhan barêng priyayi dhistrik ngrungu, yèn ing desa kono ana wong kêmalingan, bêkêle ora tumuli lapur, kyai bêkêl banjur katimbalan sarta didukani akèh-akèh.

27. Kurung munggah lumbung

Ana sudagar duwe batur wadon isih cilik. Ing sarèhne nyai sudagar ora duwe anak, dadi gumatine marang bocah mau bangêt. Pangrêngkuhe kayadene anake dhewe, disandhangi sarwa bêcik, sarta diuja sakarêpe.

Ananging kyai sudagar ora mangkono, pangarahe, yèn wis gêdhe arêp digawe bojo nom, rumangsane anggone nyai sudagar gumati bangêt iku pancèn disêdhiyakake ki sudagar.

--- 39 ---

Barêng bocah mau wis gêdhe, saya ketok rupane, andadèkake bungahe kyai sudagar, kêrêp dikon ngladèni yèn dandan utawa mangan. Anuju ing sawiji dina, kyai sudagar mrasajakake kêkarêpane marang kang wadon. Kawitane nyai sudagar kagèt, nanging ngèlingi apêse wong wadon, wêkasan iya anjurungi apa kang dadi kêkarêpane. Kalaksanan bocah mau dadi êmbok ênom.

28. Sulung malêbu ing gêni

Ana ratu ajêjuluk Prabu Durgapati, ambawahake para raja sarta luwih ômba jajahaning nagarane. Anuju ing sawijining dina sang prabu karsa nêlukake para ratu kang durung karèh, banjur dhawuh mêpak bala ana ing ara-ara ômba.

Balane sang prabu tanpa wilangan.

--- 40 ---

Barêng wus pêpak banjur katêngaranan bodhol. Ratu kang kang dadi mungsuhe uga wus padha pacakbaris ngumpul dadi sabarisan, bangêt santosane. Barêng têmpuh ing prang, balane Sang Prabu Durgapati kasoran. Saking akèhing pêpati, nganti kêna kabasakake kaya: sulung malêbu ing gêni. Ing wasana kasaput ing wêngi, banjur padha makuwon dhewe-dhewe, esuke têmpuh prang manèh, nanging ora môngga puliha

29. Alingan wêkasan ngaton

Ana jêjaka bangêt kêsède, sabên dina tansah nglambrang bae, kang dipangan mung olèhe anjaluk, ing sarèhne isih nom rosa, mulane akèh kang ora gêlêm mènèhi, ing wasana jêjaka mêtu tekade ala, calathune: Pangrasaku aku iki kêconggah nyambut [nya...]

--- 41 ---

[...mbut] gawe bêngi, mara dakcobane kuwanènku.

Ing wayah bêngi jêjaka mau anylonèhi raine karo angus lênga, banjur lumêbu ing pakaranganing tanggane. Kabênêran kang duwe omah saanak bojone wus padha turu kêpati. Jêjaka banjur lumêbu ing jro omah, anjupuki barang saanane. Esuke kang duwe omah tangi, bangêt kagète andêlêng barange ilang, banjur ngira bae yèn ki jaka kang maling, sabab awane papriman sêga ora diwènèhi. Nanging barêng ki jaka ditakoni ora ngaku, malah wani supata.

Lêt sapasar kambi olèhe maling, jêjaka mau angandhakake kêkêndêlane marang mitra karuhe, ananging ing nalika kôndha mau sadulure wong sing dimalingi mau ana. Jêjaka banjur kalapurake ing parentah, ing wasana kapatrapan paukuman.

--- 42 ---

30. Nguthik-uthik macan dhedhe

Anuju ing sawijining dina Si Sarin ngadhêp bêndarane, matur yèn mêntas ngundhuh pêlêm santog. Bêndarane takon: Kang akon kowe sapa. Wangsulane: Botên wontên, namung saking pikajêng kula piyambak. Bêndarane takon manèh: Kang kokundhuh iku apa wis tuwa. Wangsulane: Inggih sampun sami sêpuh. Si Sarin tumuli dikon anjupuk pêlêm kang diundhuh mau. Barêng bêndarane andêlêng pêlêm mau bangêt nêpsune, jalaran isih bangêt ênome. Saking bangêting nêpsu, Si Sarin nganti ditundhung. Calathune Si Sarin: Aku iki prasasat, nguthik-uthik macan dhedhe, utawa ngarubiru asu turu, dene wong wis ora wêruh têka dankandhani,dakkandhani. têmahan muring-muring, aku dhewe sing cilaka

--- 43 ---

31. Bujuk Mataram

Mas Wirakrêti lunga mênyang Sragèn, arêp niliki sadulure. Satêkane ing Sragèn takon marang wong desa kono, ing ngêndi omahe sadulure. Kang ditakoni saguh nuduhake. Mas Wira banjur ngêtutake saparane. Olèhe mubêng-mubêng nganti rong jam, nanging durung katêmu, calathune Mas Wira: Kêpriye ta, têka suwe têmên, apa kowe pancèn durung wêruh omahe. Wangsulane: Inggih sampun sumêrêp griyanipun, pramila botên kula jujugakên tumuntên, sabab panjênêngan sampeyan dèrèng paring pituwasipun kangelan kula. Mas Wira calathu: Yèn kaya mangkono, kowe kuwe gêdhe cilik bujuk Mataram.

--- 44 ---

32. Lêbak ilining banyu

Ana anak priyayi kapinujon adus ing kali, barêngan karo sawijining bocah desa. Anak priyayi ana ing dhuwur, bocah desa manggon ing ngisor, kapara adoh. Ing sarèhne priyayi, dadi lumuh bêbarêngan adus karo wong desa, tumuli agawe dhadhakaning padu, atakon marang bocah mau, têmbunge: Sabab dening apa, kowe kumawani ngubak-ubak banyu kang dakênggo adus. Bocah mangsuli: O, kadospundi bêndara, sagêd kula ambuthêkakên toya ingkang sampeyan agêm siram. Awit ilinipun saking panggenan sampeyan dhatêng panggenan kula.

Ora antara suwe ana wong tuwa têka, banjur nguman-uman marang bocah desa mau, calathune: Hèh gêntho cilik, saprene wus ana nêmbêlas taun lawase, [lawa...]

--- 45 ---

[...se,] kowe ngalani aku. Wangsulane bocah kambi nangis: Dhuh kyai, punika nglêngkara sangêt, awit kala samantên kula dèrèng wontên ing ngalam donya. Wangsulane wong tuwa sêndhu: Hèh bocah kurang ajar, yèn dudu kowe iya bapakmu, utawa sanak sadulurmu.

Apês sarta kojure bocah mau nocogi marang unining bêbasan: lêbak ilining banyu.

33. Cebol anggayuh langit

Ana sudagar aran Kyai Nirasa, omah ing sajroning nagara, sanyatane ora pati sugih, nanging budi wêwatêkane kaduk kumalungkung.

Kyai sudagar duwe anak lanang siji aran Gumisa, wayahe jêjaka, bangêt diugung [di...]

--- 46 ---

[...ugung] sarta dinama-dama. Anuju ing sawijining dina kyai sudagar calathu marang bojone, têmbunge: Wong wadon, kowe wêruh dhewe, yèn anakmu wus gêdhe, mulane siring atiku, anakmu arêp daksêngkake, bakal daklamarake putrane bêndara patih, supaya ing têmbe bisa nuwuhake wiji kang bêcik, kênaa kagadhang dadine priyayi. Wangsulane nyai sudagar: Kyai, karsa sampeyan makatên punika saèstu badhe andamêl ing karisakan, sampeyan èngêta dhatêng ungêling paribasan: cebol anggayuh langit, cêcak anguntal kalapa, utawi kate pan ngrangsang rêdi. Sadaya punika bêbasanipun ingkang anglêngkara.

Wangsulan iku nganggêgake kêkarêpane kyai sudagar, ing wasana wurung olèhe arêp nglamar.

--- 47 ---

34. Kêplok ora tombok

Ana sawijining lurah desa sugih, aran Ki Rênggarasa, duwe têpungan wong nyêrèt aran Pak Rênggagati. Sawijini dina Ki Rênggarasa ginanjar lara panastis. Saka pitulunganing dhoktêr lêlarane wis bisa ilang, nanging kakuwatane durung bisa pulih babar pisan.

Anuli Pak Rênggagati têka ing omahe Ki Rênggarasa anggawe cukit candu sapêdudane. Ana ing kono rêrasan bab dayane candu, bisa ngapenakake awak, sarta ngrêmbugi supaya Ki Rênggarasa gêlêma ngicipi kanggo nguwatake awak. Ki Rênggarasa anglêgani. Barêng wus nyoba olèh têlu utawa patang jêblisan, Ki Rênggarasa krasa liyêr-liyêr arêp turu, sanalika lês, banjur turu. Antara têlung jam tangi, awake krasa kêpenak.

--- 48 ---

Kang mangkono iku banjur duwe panyana yèn kandhane Pak Rênggagati: bênêr têmênan. Sabên dina têrus nyêrèt, nganti larane panastis wis ilang babar pisan, panyêrète ora bisa marèni, malah kêbanjur matuh dadi karêm nyêrèt. Ing wiwitane mung titip-titip bae marang Pak Rênggagati sadinane satali. Barêng wus krasa enak têmênan, diundhaki dadi satêngah rupiyah, antara sataun sadinane dadi sarupiyah.

Ki Rênggarasa wus bisa ngêntèkake candu samono iku, mêksa durung prigêl ngadoni dhewe, sabên dina Pak Rênggagati kang disambat nyukitake. Lah, saiki Pak Rênggagati banjur wiwit bisa olèh colotan lan cablekan. Olèhe nyêrèt dhewe arang-arang kelangan dhuwit, buruhane nyukitake bae wus anyukupi. Êmbuh dhuwit apa kang disêrèt, Pak Rênggarasa ora prêlu

--- 49 ---

nyumurupi, mung jangji sabên dina bisa tômpa cadhongan dhuwit sarupiyah, wis narima, Pak Rênggarasa iya wis lêga. Dene anane bojone Ki Rênggarasa wiwit karasa kacowok ing pamêtune. Saking kumudune nyukupi tadhahe candu sing lanang, Ni Rênggarasa kêrêp lira-liru nganggo dhuwit panas.

Lêlakone Pak Rênggagati marang Ki Rênggarasa iku kêna kabasakake: ngêdhuk angêruk, kêplok ora tombok.

35. Maling sandi

Ki Rênggarasa olèhe nyêrèt kêbanjur-banjur saya lawas saya wuwuh undhaking tadhahe sadina-dinane, nganti têkan saringgit. Ing nalika iku Ki Rênggarasa wiwit bisa nyukit dhewe, lan ngrêti kandêl tipising cukitan. Mundhak dina cukitane saya [sa...]

--- 50 ---

[...ya] dikandêli, wus prasasat ora nyêrèt tike, mung nyêrèt candu bae. Awake dadi kuru, lambene biru, mripate anggêrong, ulate mêsum, wêdi banyu, kringête mambu, wêgah lumaku, arang-arang gumuyu, kêrêp nêpsu lan dhêmên padu. Pamêtuning sawah bêngkok kalurahan mung cukup dadi lêboning pêdudan. Butuhe sandhang pangan kêpêksa kranggehan nyandhak kang dudu bênêre. Wiwit nalika iku Ki Rênggarasa gêlêm, nglakoni dadi maling sandi, yaiku wani ngundhakake dhuwit pirukunan desa kaya ta: urunan gawe lumbulumbung. desa, gawe sêkolahan desa, sarana rewa-rewa nganèmêri dhewe, wasana dhuwite banjur kurang, kapêksa anjaluk urunan manèh marang wong cilik, mangkono sapiturute. Saking lagi bêgjane, wong-wong kang diwêngku iya padha nurut bae, sanajan satêmêne wêruh yèn pambayare iku wis kaladuk saka

--- 51 ---

mêsthine, sêbute: idhêp-idhêp ngisèni cangkêm pêdudan.

Sêpining dhuwit kang saka akal mangkono, Ki Rênggarasa banjur nandukake akal liya, kaya ta: banjur duwe watêk ambuntut arit, lire: yèn ana wong dol tinuku kewan, sawah utawa pakarangan, môngka ora saguh arêp awèh bêbungah kang mèmpêr, iku banjur angêngèl-êngèl. Iya ana bae pawadane kang alus murih wong-wong ora ngrêti karêpe.

Lakune Ki Rênggarasa anggone kêrêp murungake wong dol tinuku iku, kêna kabasakake: nampèl puluk. Mangkono wêwatêkane wong nyêrèt kang wus kêkurangan.

36. Ambangun wacana

Kacarita Ki Rênggarasa wus limalas taun [tau...]

--- 52 ---

[...n] anggone nyêrèt. Kasugihane wus prasasat sirna babar pisan. Barang mas intên panganggone anak bojone wis êntèk, kabèh kalêbu ing pêdudan. Anake lanang wadon padha ora sênêng uripe, anak-anake lanang wiwit ora krasan ana ing desa, padha lunga marang liyan nagara. Ora kuwat andêlêng polahe bapakne kang mangkono iku. Sanajan maune Ki Rênggarasa katon capaka sawakul, akèh wong kang padha dhêmên ajak besanan utawa ngurmati. Ing saiki wiwit sirna. Anake wadon kang wus laki bae ana kang dipêgat, iya jalaran prabote ilang dithèthèli Ki Rênggarasa. Anake kang isih prawan, babar pisan ora ana kang nakokake. Omahe Ki Rênggarasa, prasasat dadi kampung karandhan. Saking lagi isih ana bêgjane, anak-anake lanang kang padha [pa...]

--- 53 ---

[...dha] lunga mênyang liyan nagara, padha olèh pagawean kang rada mèmpêr, kaya ta: ana kang dadi kumêtir lumbung, guru bantu, punggawa gadhe, malah ana salah sijine anake kang bisa dadi mantri guru, jalaran saka tuntunane sadulur-sadulure kang rada mangrêti owahing lêlakoning bapakne kang mangkono iku.

Salungane anak-anake lanang, Ki Rênggarasa rumasa ora ana kang ngribêdi, saya mêmpêng anggone nyêrèt, lan dhêmên mangan enak kêkumpulan karo mitra karuhe. Mangkono iku wus dadi adat wong katinggal lunga anak, sok banjur duwe watêk dhêmên ngundang mangan enak, kanggo nglipur anggone ora nyawang anak-anake. Dene yèn kabênêr kapêngkok ing butuh, banjur thukul watêke dhêmên ambangun wacana, yaiku ngreka wong dol tinuku supaya wudhar, utawa angojok-ojoki anggugat warising [wa...]

--- 54 ---

[...rising] kaki nini, bapa biyung, dadi saèmpêr kaya pokrul bambu: kang pinêlêng iya mung janji olèh opahan.

Wiwit nalika iku ing desa kono dadi ora têntrêm, akèh parapadu. Ki Rênggarasa katon malarate, mitra karuhe wiwit padha ngêdohi, kaponakane wiwit padha suthik canthuk lawung lan dhèwèke, malah ana kang milu ngala-ala ing Ki Rênggarasa, sarta muni mangkene: Aja cêdhak kirik gudhigên. Anggone kaponakane padha wani calathu mangkono iku, sapisan, anake lanang Ki Rênggarasa wis padha lunga kabèh, dadi ora ana kang murinani. Kapindho, Ki Rêngga wus ora gônja ora unus. Katêlu, awake dhewe padha kapengin anggêntèni dadi lurah, samôngsa Ki Rênggarasa tumiba ing apês.

Ing saiki kang ngadhêpi Ki Rênggarasa prasasat mung Pak Rênggagati, iku kang tansah

--- 55 ---

kinthil-kinthil lan dadi kongkonan mrana-mrene golèk butuh. Anak-anake wadon Ki Rênggarasa pagaweane buruh ambathik, patuwase diisèkake ing pêdudan. Mangkono iku mung saka kumudu-kudune olèhe arêp nyukup butuhing bapa, nanging si bapa arai gêdhèg.

37. Arêp jamure êmoh watange

Kacarita Pak Rênggarasa mau duwe mantu kaponakan aran Pak Sumbunggana. Pak Sumbunggana iku kuli sugih-sugihe ing desa kono. Wêwatêkane onggrongan. Nujusawijining dina diundang ing Ki Rênggarasa, dikandhani mangkene: Thole, aku iki wis tuwa, adhi-adhimu lanang padha lunga kabèh, dadi ora wurung sasèlèhku dadi lurah, dakkira ora ana kang gêlêm dadi jago,

--- 56 ---

wus padha kapenak nyambut gawe nagara. Saka pandêlêngku, padha-padha kaponakan mung kowe dhewe kang dakduga pantês dadi wakilku seba ing parentah, iya kowe kang dakgadhang-gadhang bisaa anggêntèni kalungguhanku. Wiwit saiki yèn ana dhêdhawuhan apa-apa, kowe kang dakpracaya nindakake. Kêbênêran têmên dene saiki pamanmu bau anjaluk lèrèn, mulane yèn kowe gêlêm, lungguhe pamanmu gêntènana, tinimbang dakwèhake wong liya. Mangkono iku kowe wêruha dhewe, sawatara kowe nyukupana butuhe êmbokmu lurah utawa adhi-adhimu wadon ing kene. Pak Sumbunggana nyaguhi kalawan bungahing ati. Wiwit nalika samana Pak Sumbunggana ora duwe petung, kêbo sapine êntèk didol, kanggo nyukupi kabutuhane Ki Rênggarasa. Kajaba mangkono Pak Sumbunggana banjur

--- 57 ---

duwe gumagus lan bêsus. Panganggone amadhani lurah utawa priyayi, dadi kapêksa ngêtokake wragad kang luwih akèh manèh.

Ki Rênggarasa dhasare wong pintêr anjabung alus, kêrêp calathu marang Ki Sumbunggana mangkene: Lah, iya mangkono iku thole, wong manganggo, aja kalah sapadha-padha, dadi aku ora isin. Karodene manèh kowe rak dakgadhang dadi jago patohan, mulane kudu dhêmên katon ana ing ngarêp, têgêse bisaa amor momor, luwês kèwês sarta pantês angladèni priyayi. Pak Sumbunggana dialêm mangkono iku saya moprol dhuwite marang Ki Rênggarasa.

Ki Rênggarasa wus limang taun anggone makilake Ki Sumbunggana. Anggêpe Ki Sumbunggana wus antêp mantêp bakal gumanti ing kalungguhane Ki Rênggarasa, mulane

--- 58 ---

saya ora petung babar pisan anggone nyukupi kabutuhane wong-wong ing kalurahan, nganti tombok sawah-sawahe pusaka, iya ora dirasa, janji olèh alêm saka Ki Rênggarasa bae iya wis lêga.

Nalika samana parentah kang ambawahake ing desa kono anggalih ing rusake kalurahane Ki Rênggarasa, sarta banjur anggalih yèn Ki Rênggarasa wus ora kuwat angladèni karya nagara, tandhane wus lawas sambat lara taun, nganggo ngaturake wêwakilan. Mangkono iku dipanggalih: Ki Rênggarasa iki nêtêpi bêbasan, arêp jamure êmoh watange. Bêcike disuwunake lèrèh bae. Kalakon Ki Rênggarasa kasuwunake lèrèn, amarga wus kacihna ing jêmpone, kang marga saka olèhe nyêrèt.

--- 59 ---

Salèrèhe Ki Rênggarasa parentah nganakake [nga...]

--- 59 ---

[...nakake] pilihan desa. Anak-anake kaponakan padha rêbutan dadi jago, nganti ana kang padha kêkêrêngan utawa sêsatron, wêkasan ora ana kang dadi. Kang dipilih ing wong akèh, yaiku kaji sugih ing desa kono. Dene Ki Sumbunggana mung dipilih wong sathithik, jalaran nalika magang ora bisa ambungahake kuli, dhuwite wis kêbanjur êntèk kanggo ngisèni pêdudane Ki Rênggarasa.

Mungguh bèrbudine kaki kaji marang kuli-kuli ing desa kono ing nalika dina ngarêpake pilihan, dhasar angluwihi tinimbang jago-jago sadesa kono. Lah, iku nyata, kuna mula donyabrana bisa gawe nagara, bisa gawe rêja, bisa gawe mulya.

--- 60 ---

38. Anjagakake êndhoge si blorok

Ing nalika Ki Rênggarasa lèrèn olèhe dadi lurah, anak-anake lanang iya padha têka, kabèh padha ditari ing bapakne supaya maganga dadi lurah, nanging ora ana kang saguh. Mungguh sababe wus rumasa ora nandur kabêcikan marang kuli-kuline, ora duwe bôndha kanggo ambêbungah kuli ing sanalika iku, lan uga wus padha rumasa yèn wong-wong ing kono mêsthi wus akèh kang padha sêngit marang dheweke, kagawa saka kalakuaning bapa. Dadi têkane mrono iku mung padha ambrêbês mili. Bapakne wus katon dadi wong kang ora gônja ora unus, ing môngka panyêrète wis ora bisa lèrèn, mulane sanalika iku padha mêtu kasaguhane: yèn [yè...]

--- 61 ---

[...n] bakal padha nguluri dhuwit sawatara kanggo nyagak uripe wong saomah kono.

Sajrone sataun rong taun, kasaguhane mau, bisa kalakon bêcik lan lumintu, nanging barêng nyandhak têlung taune banjur wiwit ora lana, amarga anak-anake lanang mau padha nyandhang kasusahan warna-warna, dadi olèhe kirim dhuwit ora bisa ajêg sabên sasi. Ki Rênggarasa kêrêp amuring-muring, kawêtu calathune ala marang anak-anake. Bojone Ki Rêngga kêrêp nyêlani: O, bapakne thole, aja muring-muring mangkono, wong anjagagake pawèwèhing anak iku rak pancèn kalêbu ing bêbasan: anjagakake êndhoge si blorok, iya bênêr sok ngêndhog, nanging iya uga sok towong, sabab wong ngrêngga omah iku akèh butuhe, trêkadang malah ana [a...]

--- 62 ---

[...na] sandhungan kang abot, dadi anggone mrêlokake marang wong tuwa, iya sok diarah-arah ing saturahe butuhe dhewe kang prêlu-prêlu.

Sanajan mau-maune Ki Rênggarasa iku kalêbu ing wong kang jajah kawruhe, nanging sarèhne wus manjing dadi kawulaning candu, dadi mung nêpsune bae kang tansah dadi pangarêp. Omahe didol, manggon ing omah cilik. Saêntèke dhuwit omah, banjur andhindhal sawahe pusaka nganti êntèk kabèh. Barêng wus nyandhak adol pakarangan, lagi rumasa kêduwunge, tumuli tega anguntal cêkakik, kliyêng, Ki Rênggarasa mancal donya mulih marang ing jaman kailangan. Lah, mangkono iku mukti-muktine wong nyêrèt.

--- 63 ---

39. Ardawalepa. (mênthele)

Nalika taun 1860 ing tanah Jawa kene durung akèh pamulangan, dadi arang bangêt wong Jawa kang bisa têmbung Walônda, aja sing têmbunge, lagi tulisane bae iya arang wong kang bisa. Ing nalika samono yèn ana wong Jawa kang bisa basa Malayu lan nulis aksara Walônda, apadene bisa itung-itung sawatara, iku wis dialêm wong wêgig. Tumrape dadi bau praja wis kanggo bangêt. Yèn ana wong duwe kapintêran mangkono, ing môngka gêlêm suwita marang priyayi gêdhe, yaiku ngladèni ing kantor kabupatèn, utawa karêsidhenan, akanthi têmên-têmên lan bêcik kalakuane, kêna dipêsthèkake bisa dadi priyayi.

Ing nalika samana wong dadi priyayi iku [i...]

--- 64 ---

[...ku] kajèn kèringan bangêt, kinasihan lan kinawêdèn ing wong cilik, apa saiguhe lan sapretahe priyayi, wong cilik padha anggatèkake mituhu. Wong cilik ora pati ngetung bau suku kang dadi dhawuhing priyayi. Dene kasênêngane wong Jawa, mrana-mrene padha kêkumpulan tayub têkan para lêluhure pisan. Sabên ana priyayi rawuh ing desa, mêsthi olèh pakurmatan kang anggêdhèkake ati. Awit saka rumasane wong desa: desane katiban andaru. Lurah utawa wong sugih kang karawuhan, akèh kang banjur nganakake klênengan utawa tayuban, apêse iya kumpul lan mangan enak nganggo êndêm-êndêman inuman kêras. Mèh sabên priyayi utawa lurah desa mêsthi simpên inuman kêras. Wong duwe gawe akèh kang padha tayuban, marêm lan bungah bangêt yèn dirawuhi

--- 65 ---

priyayi. Priyayi kang lumrah rawuh ing desa, iya priyayi têngahan utawa priyayi cilik bae, têkan sajaga karsane, kaya ta: wadana, asistèn wadana, mantri, juru tulis, magang utawa upas.

Ing nalika iku wong-wong kang dadi priyayi utawa dadi upas, akèh kang padha duwe watêk ardawalepa. Saka pangrasane dadi dewa kang linuwih. Mrana-mrene dadi rêrênggan lan tontonan, kang minôngka gêndhunge: êndêm-êndêman. Sing sapa kuwat minum akèh, lan arang mêndêm, iku sinêbut wong lanang kang prawira. Saking kêrêpe minum inuman kêras ana ing tayuban, iku akèh kang padha dadi matuh, ana ing omah iya têrus minum. Dadi inuman kêras iku iya bisa nyakot kaya dene candu, yèn ora ngombe dadi katagihan, ulate biyas, kakuwatane sirna,

--- 66 ---

bola-bali angop kaya wong karipan, sadhela-sadhela arêp muring. Sanajan wong gagah prakosa kaya apa, yèn wus wayahe minum ora minum, iku banjur katon biyas, anglêmpuruk, nêtêpi unining babasan: kaya Baladewa ilang gapite.

40. Ambondhan tanpa ratu

Ing jaman samana (1860) ing nagara Batawi dadi kêmbang lambene wong Jawa Têngah kang kapengin dadi priyayi. Sok wonga bae kang kapengin dadi priyayi, janji wus bisa basa Malayu lan nulis aksara Walônda, iya banjur lunga mênyang Batawi, nyatane iya akèh kang bisa dadi priyayi. Dene ana ing kana adate padha ngawula ing para tuwan-tuwan panggêdhening kantor dhêpartêmèn. Antara sataun rong taun, [ta...]

--- 67 ---

[...un,] lawas-lawase limang taun, mêsthi bisa dadi priyayi. Saya akèh priyayi manèh, sabukake pamulangan dhoktêr, pamulangan tani lan kantor ukur sapanunggalane.

Kacarita ana sawijining bocah saka tanah Jawa Têngah aran Suharda, iku lunga magang mênyang Batawi. Antara wolung taun mulih marang tanah Jawa Têngah katêtêpake dadi asistèn wadana ana ing parêsidhenan Kêdhu, angalih jênêng tuwa: Ngabèi Ardamanggala.

Ing jaman iku kêna diarani jaman wiwit majune tanah Jawa. Mèh sabên kutha apdhèling ana pamulangan, gurune wêton sêkolahan guru Surakarta. Wong-wong bumi tanah Jawa isih pasaja, akèh wong kang apêndhok mas utawa salaka, ing desa-desa akèh rajakaya, kèhe jaran momotan iya ora kira-kira, jalaran sêpur-sêpur durung ana, [a...]

--- 68 ---

[...na,] malah kareta bae isih lôngka, kang ana mung bèndhi Jawa utawa pêdhati kuna, mung cacade lawas-lawas banjur padha wiwit dhêmên tinggal adat kuna, pêpekane saya andaluya, dhêmêne mangan cara Lônda, kang diimpi-impi mung olèhe arêp ôndrawina, biraine marang boga baksana saya andadra, tapane ora ana. Tekade ana rina iya ana upa, yèn wêngi iya sêmi, yèn rina iya pêrdapa. Lah kêbanjur olèhe doyan mêrtega, ora nganggo taha-taha, nganti tuna ing wêweka, satêmah padha nêmu papa, wêkasane dadi ina, rêkasa bisane olèh tômba. Tujune ora lawas kacandhak ing jaman Budi Utama, iya iku kang kira-kira bisa dadi srana, wong Jawa bisa wiwit mulya.

Kacarita ing bawahe Ngabèi Ardamanggala, wonge padha sênêng duwe gawe

--- 69 ---

gêdhèn, pasamuwane tayub, inumane ora nrima mung saguwir utawa arak Jawa bae, kang dikarêmi utawa kang digawe pangarêp: brèndhi, anggur utawa jênewêr. Mèh sabên dina ana gêndul inuman kêras lumêbu mênyang desa.

Mungguh dhasare Ngabèi Ardamanggala iku wong kang dhêmên tayub, dadi kênthung kriyung karo wong-wong ing kono. Yèn pinuju sasi bêcik, kêna kapasthèkake sabên bêngi bae ana tayuban. Saking kêrêpe tayuban, Ngabèi Ardamanggala dadi kulina nginum. Tadhahe sadina sagêndul, malah trêkadang nganti sasopi. Sanajan ing jaman samono rêgane jênèwêr rada murah, ewasamono iya mêksa bisa ngêntèkake satêngah blanjan, samono iku kalamôngsa isih tômpa wuwuhan punjungan saka ing bawahe.

Saking kêrêpe nampani punjungan saka [sa...]

--- 70 ---

[...ka] lurah kang dibawahake, kala-kala sok duwe sêdya arêp malês, têlung sasi sapisan nganakake kumpulan mangan enak sarta inum-inuman karo lurah-lurah bawahe, nganti ngêntèkake wragad sablanjan. Awit saka mangkono iku saya lawas saya bangêt kamlaratane, utange arang wulu kucing, ulate kêrêp ngabang-bironi, tindak-tanduke kêrêp tumiba ing saru. Ewasamono yèn pinuju mêndêm, bisa umuk anggêdobrol, kaya bisa-bisa amutungake wêsi gligèn, kandhane sok angêmpukake watu. Sanajan nalika minum ana parentah kang kêras, utawa pagawean kang prêlu, iya sok anêrusake minum bae, durung mênyat yèn durung mêndêm. Solahe lan calathune kêrêp tumiba ing bêbasan ambondhan tanpa ratu.

Yèn gawe aturan marang wong gêdhe kêrêp atumpang suh. Yèn duwe sêsêngitan [sêsêngita...]

--- 71 ---

[...n] ing sapa-sapaa, iya banjur kalair saênggon-ênggon, dadi tunggak kalingan rone.

Sanajan kalakuane kang mangkono iku ora ana suda-sudane, saking lagi bêgjaning awake, lan langkane wong pintêr ing jaman samono, sawuse sapuluh taun anggone dadi asistèn wadana, banjur kaangkat dadi wadana dhistrik. Lah, saiki anggêpe saya anggitik troi.

41. Anggajah êlar

Barêng Ngabèi Ardamanggala wus dadi wadana, watêke saya anggajah êlar, dhêmên mraboti omahe. Ora pisan rumasa pinangkaning dhuwit saka ngêndi utawa saka sapa kang dianggo ambayar, janji ana barang kang disênêngi, mêsthi kudu kèlakon. Mitra karuhe saya wuwuh, yaiku

--- 72 ---

para tuwan-tuwan, Cina-cina bôngsa daoke, sudagar-sudagar Jawa kang sugih. Dene karême minum lan tayuban, saya andadi. Ing pandhapa kawêdanan didokoki gamêlan rong rancak, kang diemba kabupatèn, malah ngingu pasindhèn lan tlèdhèk dhewe. Sabên dina wêtone mêsthi nguyu-uyu utawa tayuban, nganggo ngundang mangan enak mitra karuhe kang kinira bisa nimbangi bèrbudine.

Wiwit nalika samono duwe budi melikan, angkuh lan katalawaca dadi katon anggajah êlar. Sabarang kang disênêngi mêsthi kudu kêlakon. Saking bangête ênggone sumêdya nuruti kêkarêpane kang nyimpang saka garising kautaman, dhêdhêmitan parentah marang lurah-lurah bawahe padha dikon nganakake omah pasanggrahan, supaya yèn ana karêpe sang wadana mangun suka ing saênggon-ênggon ora [o...]

--- 73 ---

[...ra] pakewuh papane. Nalika samana banjur wiwit akèh rêrusuh ing bawah kadhistrikane. Mèh sabên sore ana wong kêkêrêngan, mèh sabên bêngi ana omah kobong. wêwatêkane wong cilik akèh kang niru lurah wadanane. Wong-wong kang wus tumiba ing kamlaratan banjur dhêmên gawe prakara anggugat kala.

Prakara rêrusuh lan rusake tanah ing kadhistrikane iku kauningan marang panggêdhening nagara. Saking isih katunggon ing bêgja, kyai wadana mung tômpa dêduka lan kaêlih marang kadhistrikan liya, minôngka paukumane.

42. Kêri tanpa pinêcut

Ana ing dhistrik liya kyai wadana marèni [marè...]

--- 74 ---

[...ni] olèhe dhêmên tayub, malah sawatara nglarangi wong duwe gawe tayuban, ananging karême minum dhewe ora bisa marèni. Kang dadi sênênging ati kêkumpulan mangan sarta minum ing pacinan utawa ing omahe tuwan-tuwan kawanuhane, kasambi main kêrtu gêdhe utawa kêrtu cilik.

Yèn lagi dolanan utawa inum-inuman, ing môngka ana kênthong titir tôndha kabilaèn, iku cukup dhawuh marang upas, utawa lurah desa dikon ngurusake, malah kêrêp bae ana têbu kobong ora mênyat, mandar sok kalair têmbunge kang nandhakake yèn ora sênêng layad utawa ngurusake prakara, têkan katonjok ing balolok iya ora karasa. Saking lagi isih katunggon ing bêgja, kyai wadana isih bisa duwe anggêp bara tan bara. Pangrangkute dhuwit utawa

--- 75 ---

barang saka kalèrèhane kaya bêluk ananjak, ora duwe rêringa. Anuju sawijining wêngi arêp tumibaning apês, kyai wadana pinuju kêkumpulan main lan minum ana ing Pacinan. Ing nalika samono pinuju kalah akèh. Wus kaping pindho utusan mundhut dhuwit marang omah, mêksa durung bisa pulih, kalahe gunggung kurang luwih wis pitung atus rupiyah. Rèhning wêwatêkane dhêmên angêruk, wasana banjur kakêruk, dadi iya ora lêga bangêt, sêngkud pamaine, ora mikir apa-apa. Minume saya digantêr, supaya aja karasa arip lan padhanga ciptane. Ing nalika samana ana kêbon têbu kobong, swarane titir umyang kaya ambêlahna jagat. Ana kêbon têbu pirang-pirang puluh bau kang kobong, sawêngi natas durung bisa sirêp. Sanajan kyai wadana wus bola-bali diaturi priksa ing bab iku, iya mêksa

--- 76 ---

ora gêlêm lèrèn anggone main kêrtu, malah anggendholi mungsuh-mungsuhe dipurih aja ana kang layad, têrusa main bae. Wong-wong ing kalangan liyane wus êntèk padha bubar nglayad, mung kari kyai wadana karo wong sakalangan iku kang têrus main, wasana katungka ana upas utusane tuwan asistèn rêsidhèn lan bupati nimbali ing kyai wadana mau. Ing samêngko kyai wadana kêpêksa lèrèn anggone main, banjur gurawalan têka ing panggonan kobongan. Barêng kadangu, wangsulane nyagak alu, mratelakake yèn mau-mau iya wis layad, nanging banjur kêna ing panas sumuking obong-obongan têbu, ngaso ing omahe kawanuhane Cina kang nuju duwe gawe, ngiras mranata lakuning pulisi kang layad.

Sarèhning atur mangkono iku kagalih [kaga...]

--- 77 ---

[...lih] rada ana èmpère, mulane sanalika iku iya dianggêp, ananging ing liya dina ditêrangake têmênan bab kaanane kyai wadana anggone ora katon layad, utawa anggone ora nunggoni kabilaèn kang samono gêdhene. Kêri tanpa pinêcut, kyai wadana nyuwun lèrèn saka kalungguhane, ananging lèrène kyai wadana tanpa olèh pènsiun, amarga saka kèhing kaluputane kang uwis-uwis.

43. Nêbak wong mangan

Kacarita nalika kyai wadana Ardamanggala tômpa dhawuh lèrèn tanpa pènsiun, anak bojone padha nangis, kyai wadana lungguh anjêntung dhêlog-dhêlog, [dhêlog...]

--- 78 ---

[...-dhêlog,] ora kolu mangan lan ora minum, rong dina rong bêngi ora mênyat-mênyat saka kursi malês. Ing têlung dinane banjur tômpa dhawuh saka nagara, yèn sajrone saminggu manèh, kyai wadana kudu wis mêtu saka omah kawêdanan, sabarang darbèke. Tumuli ana Cina kawanuhane sawiji potange kyai wadana, iku têka mrono prêlu nagih, sarta awèh rêmbug supaya kyai wadana nyuwun idi nganakake lelangan. Têkaning dina lelangan, lurah-lurah desa, Cina-cina sobate, apadene priyayi-priyayi sawatara kang kalêbu tilas bawahe, akèh kang padha têka, sumêdya atêtulung tuku barange akanthi rêga kang murwat. Wasana barêng wiwit lelang, tuwan pandhi mistêr kôndha, yèn têrang saka dhawuhe kapala nagara, lurah-lurah desa lan para priyayi kang blanjane kurang saka

--- 79 ---

100 rupiyah, ora kaparêng utang lelangan kudu ambayar kêncèng.

Ana priyayi sawiji kang calathu: Ora dadi apa dipênging utang lelangan, iki rak barange wong cilaka, muraha kaya apa, ora bêcik angsare mungguhing priyayi utawa lurah desa.

Mungguh dhawuhe kapala nagara kang mangkono iku arane nêbak wong mêmangan, sarta calathune piyayi mau kalêbu matèni kalangan. Sakarone nyudakake rêgane barang.

Barang-barange kyai wadana ora payu babar pisan, nanging iya mêksa didol êntek-êntekan. Dene kang padha tuku iya mung Cina-cina sawatara, lan lurah-lurah desa kang nalika samono padha anggawa dhuwit cukup kanggo ambayar kropyok. Para priyayi lan para tuwan-tuwan mèh ora ana kang gêlêm tuku barang ing lelangan kono

--- 80 ---

Pêpayone dhuwit lelangan, ora nyukupi babar pisan kanggo nyauri utange, kabèh mung dibayari nyapratêlon. Saking isih ana bêgjane, para potange wus padha nrima.

44. Rupak jagade

Sabubaring lelang kyai wadana banjur tuku omah cilik manggon ana ing desa kang ora adoh saka kutha. Anak-anake kang wus umur rolas taun sapandhuwur didhèrèk-dhèrèkake kadang karuhe kang padha gêlêm dinunuti lan gêlêm nênuntun.

Sajêrone nganggur iku ora bisa marèni olèhe minum, tadhahe isih ajêg sasopi, apêse

--- 81 ---

sabotol, antara têlung sasi sandhangan lan panganggone wus êntèk babar pisan. Saking rupaking jagade banjur reka-reka dadi wèrêk dhèli, nanging pagaweane iya ora sêmpulur, arang olèh uwong, mulane banjur nêmpuh lumêbu dadi juru tulis ing pabrik têbu, sasasine diblônja têlung puluh rupiyah.

Ana ing kono lagi krasa yèn wong golèk dhuwit iku rêkasa bangêt, esuk sore kapêksa lumêbu, sadina sawêngi kudu nyambut gawe sapuluh jam, blanjane ora nyukupi kanggo tuku jênèwêr. Lagi têlung sasi olèhe dadi juru tulis, banjur anjaluk mêtu, omahe didol, wasana mondhok ing omah suwung duwèke salah sawijine sanake sing kalêbu trêsna ing dhèwèke. Lah saiki kêlakon dadi wong kang rupak sagarane, [saga...]

--- 82 ---

[...rane,] ora bisa nayuti hawa napsune, nekad arai gêdhèg. Sabên dina lêlungan mara dhayoh marang panggonan prasanakane kang kinira simpên jênèwêr. Ing wiwitane iya dikurmati sacukupe, nanging lawas-lawas sabên têka mung dipanci papat utawa limang sloki, isiha simpên akèh iya diumpêtake, diawadake yèn mung kari iku anane.

Antara têlung taun saka anggone lèrèn, awake kyai wadana rusak bangêt. Arêp lêlungan wis ora kuwat lumaku, sabên dina lungguh nglêgeyoh ana ing kursi malês. Kang diangên-angên mung muga-muga anaa wong têka mrono awèh jênèwêr. Saking bangêting panyiptane, sasuwene lungguh angantuk, tangane sok banjur kranggehan, kaya wong bungah-bungah arêp nampani jênèwêr, nanging barêng wus [wu...]

--- 83 ---

[...s] mêlèk, banjur anjêntung, rumasa yèn iku ngimpi.

Saking kêrêpe katagihan ora tau kêturutan, kyai wadana kacandhak ing lara, mundhak dina larane sangsaya bangêt, lah ing kono banjur kèlingan alaning dayane inuman kêras, ing batin bangêt panalôngsa lan kaduwunge, nanging wus kasèp, mulane banjur mupus sumendhe ing takdir.

Sawatara dina saka ngarêpake patine, anak-anake kang dingèngèr-ngèngèrake padha têka ngrubung bapakne lan nangisi. Kyai wadana atine kaya dirontog lan êluhe carocosan. Wasana nalika ngarêpake ilange, wasiyat marang anak-anake mangkene: Ênggèr, anak-anakku, wêlingku poma aja kowe nginum, ilonên aku. Sawuse calathu mangkono kyai wadana banjur mati.

--- 84 ---

Lah mangkono wasanane wong kang ngulinakake minum tanpa nganggo kira-kira.

45. Ana catur mungkur

Ing sawijing kutha ana sudagar sugih aran Ki Mulyagita, duwe anak lanang loro aran Mulyagati lan Mulyasastra. Anak sakarone iku padha tamat saka pamulangan Jawa, lan uga padha disinaokake têmbung Walônda, sakarone wis olèh dhiplomah klèin amtênar iksamên.

Mungguh prêlune disinaokake mangkono iku supaya bisa ablatèr nampani rêmbuge sudagar-sudagar liya bôngsa utawa liyan nagara. Awit saka ciptane Ki Mulyagita, anak-anake mau padha bisa alêlawanan dhewe

--- 85 ---

karo sudagar gêdhe-gêdhe ing nagara mônca, ora nganggo lêlantaran karo makêlar ing nagara kono.

Kêkarêpan mangkono iku iya bisa kalakon têmênan. Saka pambantu lan rêrigêne bocah loro mau, sajrone limang taun wiwit saka mêtune sêkolah, kasugihane Ki Mulyagita dadi tikêl têlu tinimbang maune, bandhane kabèh gunggung ana satus sèkêt èwu.

Barêng bocah loro iku wis katon diwasa, banjur padha kaomah-omahake, lan dipurih bawa dagang dhewe milih apa sasênênge, nganggo dipawiti dhuwit lan omah gunggung pangaji nyèkêt èwu.

Mulyagati sênênge dagang kayadene bapakne, yaiku ngrèntênake dhuwit, nêbas têmbako, adol bêras, lan adol mori.

--- 86 ---

Mulyasastra sênêng ngadêgake toko lan gawe lusmèn, awit kang dadi papintaning ati, bisaa têrus têtêpungan karo para tuwan-tuwan lan para priyayi-priyayi gêdhe. Mangkono iku iya bisa kalakon têmênan, malah klêbu dadi liding kamar bolah priyayi barang, sarta sok kaipih dadi presidhèn utawa sèkrêtaris, utawa komisarising pakumpulan warna-warna.

Dhasar Ki Mulyasastra iku wong baud wicara, pradhah, ambalêdag, trangginas, lan kèwês luwês sasolahtingkahe, mung cacade rada ugungan sarta kêndêl ambuwang dhuwit, luwih manèh main. Yèn ana ing pasamuwan, ora gêlêm main kêkalangan karo priyayi cilik, kudu karo para wadana sapandhuwur, para tuwan-tuwan, utawa Cina-cina kang sugih. Dene kate toh, sathithik-thithike satus rupiyah, [rupi...]

--- 87 ---

[...yah,] lumrahe limang atus utawa sèwu rupiyah.

Sajêrone limang taun kang wiwitan, toko lan lusmène kalêbu bisa mlaku, sanajan ora olèh bathi akèh, nanging iya cukup kanggo wragad sandhang saanakbojone, mung olèhe sok main, iku kêrêp kalah, gunggunge wis ana sapuluh èwu rupiyah. Barang jêndhêlane kang gêdhe-gêdhe akèh kang wus didoli kanggo nambêli adêging lusmèn lan tokone, kang marga dhuwite wus kanggo main kalah lan kanggo sênêng-sênêng warna-warna. Bapa biyunge kêrêp ngelikake, yèn prakara mangkono iku marakake wurung dandanan, barang cêkêlane bakal lêbar nglahan, ewasamono Mulyasastra malah saya wuwuh ardane ngêtrêpi unining bêbasan: ana catur mungkur, ana palang nunjang, ana sumur anjêgur.

--- 88 ---

46. Iwak kalêbu ing wuwu

Ki Mulyasastra nêrusake olèhe dhêmên main, rênggang gula olèhe têtêpungan karo para panggêdhe lan Cina-cina sugih. Dene têpunge karo priyayi cilik iya ora ana owahe, malah kapara dhêmên atulung balaka, lan nambêli apa kabutuhane priyayi cilik kang padha anjaluk tulung ing dhèwèke, ora nganggo petung. Dene wong-wong pakampungan, anggêpe padha nglurah marang Ki Mulyasastra, dhasar pinilih dadi têtuwaning pakumpulan warna-warna.

Yèn ana salah sawijine sanak prasanakane kasusahan utawa duwe gawe, Ki Mulyasastra ora wêgah nêkani, mulane sok wonga padha asih trêsna marang dhèwèke. Arang têmênan wong blatère nglètère kaya Ki Mulyasastra, mung

--- 89 ---

cacade têka ora bisa anyandhêt nêpsune dhewe olèhe dhêmên main gêdhèn.

Kacarita sajêrone limang taun kang kapindho, olèhe main saya kêrêp kalah, wasana thukul culikane, wani nrajang ing bêbasan: palang mangan tandur, yaiku sok wani nganggo dhuwit kumpulan. Yèn kapêngkok banjur ingar-ingêr karo dhuwit toko. Lawas-lawas tokone dadi cilik, barange praboting lusmèn ora ambêjaji.

Sarèhne tokone cilik, dadi bathine iya sathithik, lan nyudakake pitayaning sudagar kang dikulaki dagangan. alaning lusmèn, nyudakake kèhing dhayoh kang padha nginêp.

Anuju sawijining dina Ki Mulyasastra mikir-mikir arêp ambêcikake lusmène, lan anggêdhèkake tokone, banjur nekad praya arêp utang dhuwit marang [ma...]

--- 90 ---

[...rang] Cina sugih têpungane. Pikiran mangkono iku kêlakon. Omah lusmèn saisine, dalah tokone pisan, dicêkêlake utang limalas èwu rupiyah, uyahan sêsasine satus sèkêt rupiyah.

Mungguh uyahan samono iku tumrape dhuwit sathithik iya wis kalêbu murah, awit padha karo uyahan ing kredhit bang, nanging sarèhne dhuwit akèh, gunggung anakane iya ora mayar anggone nganakake sabên sasi têtêp.

Sanajan lusmèn lan tokone wus digêdhèkake pulih kaya kang uwis, dhuwit bêbathène mêksa ora cukup kanggo ambayar uyahan kang wis dadi janjine, apamanèh yèn panuju mêntas kalah main, banjur nyorok dhuwit pawitan kanggo ambayar anakan. Antara têlung taun, toko lan lusmène wis dadi cilik [ci...]

--- 91 ---

[...lik] manèh, sabanjure arang-arang bisa nganaki utange.

Cina kang ngutangi rewa-rewa sabar, mung panjaluke samôngsa ora bisa awèh uyahan, dhuwit uyahan iku diwuwuhna dadi babon bae, mangkono sabanjure. Ki Mulyasastra rumasa lan krasa wus dadi iwak kalêbu ing wuwu, mulane sapanjaluke Cina diturut bae.

Saking arang-arange ambayar anakan, antara lima taun manèh utange wus dadi têlung puluh èwu rupiyah. Lah, saiki ditagih dijaluk bali kabèh, miturut apa kang kasêbut ing layange prajangji. Ki Mulyasastra ora bisa ambalèkake kropyok, kapêksa masrahake omah lusmèn satokone marang Cina kang diutangi. Mung disusuki limang èwu rupiyah.

Bapa biyung lan sanak sadulure Ki

--- 92 ---

Mulyasastra mung padha kagèt anjêtung sarta ora ngrêti pisan-pisan ing ubêd lan ilange dhuwit kang samono kèhe mau. Satêmah mung padha mrêbês mili saka ing kadohan bae.

47. Katula-tula katali

Barêng Ki Mulyasastra wus nguculake lusmèn lan tokone, kajène sirna padha sanalika, têpungane gêdhe cilik katon kaya ewa, tumuli lunga saka nagarane, omah-omah ana ing nagara liya ngadêgake warung panginêpan, nyambi adol barang kêkêlingan sawatara.

Ing wiwitane bisa sêmpulur, akèh bathine, cukup kanggo disandhang dipangan saanakbojone. Antara têlung taun rumasa bisa ngrêjêt, nuli akèh mitrane, banjur thukul ciptane wani main [mai...]

--- 93 ---

[...n] manèh. Wiwitane iya mung sabên jagong ing panggonane wong duwe gawe, nanging lawas-lawas andadi gêlêm, nglurug têkan ing ngêndi-êndi panggonan kang ana wonge main, nganti kaya kinjêng tanpa soca, ora wêruh yèn nêrak laranganing nagara, wasana kacêkêl ing parentah kadhêndha salawe rupiyah, marga gawe kêkumpulan main ing omahe, ora nganggo nyuwun idining nagara.

Sawuse nêmu kaluputan mangkono, banjur rumasa têmênan yèn dadining sangsara iku marga saka dhêmêne main. Ewasamono tekade dhêmên ngabotohan arêp dibanjurake manèh, kapingin wêruh kapriye bakal dadine ing buri.

Ing nalika samono mung kari duwe pangaji rong ewonan rupiyah, ewadene atine mêksa digêdhèk-gêdhèkake, dhêmêne kêkumpulan saya andadi, dhuwite êntèk, mung kari duwe [du...]

--- 94 ---

[...we] pangaji limang atus rupiyah. Lah, saiki lagi kèlingan yèn duwe kapintêran kang kêna kanggo garan golèk dhuwit. Olèhe ngêdêgake warung lèrèn, lumêbu dadi juru tulis ing kantor notaris, sêsasine diblônja têlung puluh rupiyah. Mungguh prêlune mangkono iku, kajaba wus rumasa dhuwite tipis, iya duwe karêp supaya isih bisa srawungan karo para priyayi lan lurah-lurah desa, dadi aja pêdhot olèhe bisa kêkumpulan main.

Antara sataun anggone dadi juru tulis, dhuwit sangune êntèk babar pisan. Olèhe dadi juru tulis dilèrèni, marga kêrêp ora lumêbu, sabên dina katon kaya wong karipan. Anak bojone dikirimake mulih, dheweke ambanjurake dadi gêntholikêm, gênthotlengsor, momoran karo bandar dhadhu kang padha ngadêgake [ngadêga...]

--- 95 ---

[...ke] kodhok ula ing panggonan kang adoh pulisi.

Uripe Ki Mulyasastra kabanjur katula-tula katali. Têkane umur sèkêt sasur bênêr, mung kari manganggo kathok kalèt, kulambi kuthung, ikêt wulung, ubêd-ubêd jarik kêlêngan.

48. Ilang jarake kari jaile

Ki Mulyasastra saking wus judhêg ing pikir, rumasa anggayuh-gayuh tuna, numbak-numbak luput, wasana thukul pikire kang ora bêcik. Sasuwene kumpul karo bandar kodhok ula banjur nyambi dadi pokrul bambu lan tukang korèk. Ing wiwitane ora ana kang ngarubiru. Wasana ing sawijining dina, nanggori prakara nagara. Di titipriksa ora nyata, yaiku mung jalaran saka pêpanasan. Barêng wus têrang [tê...]

--- 96 ---

[...rang] papriksane, kacihna yèn iku gaweane Ki Mulyasastra. Lah, ing kono Ki Mulyasastra banjur kacêkêl ing nagara, kasingkirake mêtu saka ing tanah Jawa lawase limang taun.

--- 97 ---

Mêngkono iku adat wong kang kurang elinge. Samôngsa ilang jarake, banjur mêtu jaile, kadrawasan dadi cilaka.

49. Wadhuk bêruk

Ana priyayi cilik duwe anak lanang aran Bagus Laba. Biyunge Bagus Laba iku asal saka ing desa, lan ora kawilang trahing Kartiyasa, malah kalêbu wong pidak padarakan, lan wong budhug mumuk. Olèhe kalakon dipèk bojo ing priyayi mau, marga rupane katon rêsik, polatane

--- 97 ---

rada prak ati. Biyung kang mangkono iku wus masthi bae kurang mangrêti anggulawênthah bocah. Dhèk cilike Bagus Laba, sabên-sabên nangis, masthi banjur dicêkêli panganan dening biyunge, mulane têkane gêdhe dadi bocah kang anggranyah.

Kacarita nalika andungkap umur wolung taun, dilêbokake ing pamulangan ôngka siji. Saking kurang mangrêtine si biyung, sabên dina anake disangoni dhuwit kanggo jajan. Pasangon sakêthip ora nyukupi, kang kêrêp nganti têkan rong kêthip utawa satali sadinane. Mangkono iku nuwuhake watêk durga ngôngsa-ôngsa lan ora nrima ing pandum. Katon cêtha bangêt sarune yèn panuju kêmbul mangan karo sanak kadange, olèhe anjupuk lawuh kranggehan kaya wong ora tau mêmangan. Pamangane akèh bangêt, ora [o...]

--- 98 ---

[...ra] lumrah ing sapêpadhane, mulane akèh bocah kang calathu: Si Laba iku bocah wadhuk bêruk, ora duwe warêg. Ora mèmpêr bangêt, ana bocah samana gêdhene, tadhahe padha karo tadhahe wong tuwa loro.

Têkan umur limalas taun, Bagus Laba durung bisa marèni ing panggranyahe, malah-malah yèn krungu ana sanaksadulure bapa utawa biyung duwe gawe, sanajan ora disambat lêladèn, iya banjur têka, prêlune arêp nogog. Laire milu lêladèn utawa rewang apa-apa, nanging batine iya mung kêpingin arêp mêmangan lan marêgi wêtênge. Mulihe sok nêmbung anjaluk brêkatan, diawadake kanggo olèh-olèh adhine utawa biyunge. Dadi nêtêpi bêbasan: nucuk ngibêrake.

Mungguh olèhe sêkolah, mèh

--- 99 ---

sabên klas dilakoni rong taun, tujune barêng andungkap umur pitulas taun, sêkolahe bisa tamat, sarta tômpa sirtipikat, wiwit ing nalika iku kalêbokake dadi magang ana ing kantor karêsidhenan.

50. Ngêtutake poncoting tapih

Salawase Bagus Laba isih dadi magang, sandhang pangane isih kasôngga ing wong tuwane. Antara rong taun banjur tômpa ganjaran dadi èlêp, sêsasine tômpa blônja sapuluh rupiyah. Wiwit iku Bagus Laba duwe anggêp dadi jaka kang ana ajine. Olèhe nganggo-anggo rada mundhak bêsuse, sarta banjur duwe karêp arêp omah-omah dhewe.

Wong tuwane durung wani ngêculake, dadi

--- 101 ---

sandhang pangane isih têrus disôngga, mulane Bagus Laba saya andadra olèhe dhêmên jajan. Sabên mêntas blanjan utawa kabênêr isih duwe dhuwit, mêsthi lunga mênyang restoran Jawa, ana ing kono, anggêpe kaya sing duwe warung, sok kêrêp gêlêm ngladèni utawa nawakake pêpanganan marang wong-wong kang padha jajan ing kono.

Antara rong taun, Bagus Laba anggone saba ing warung mau, banjur kabelan bangêt mangan pêpanganan ing kono, sarta duwe cipta kêpingin dipèk mantu sing duwe warung. Kêkarêpan mangkono iku iya kêlakon, bapa biyunge mung anjurungi bae. Sawuse dhaup Bagus Laba ngêtutake poncoting tapih, nunggal saomah karo maratuwane.

Ana ing kono iku Bagus Laba saya wuwuh kêthuk lan cupare, apadene têrus [tê...]

--- 101 ---

[...rus] olèhe dhêmên mêmangan. Rikuhe marang sapêpadha, wus ora ana babar pisan. Yèn wus mulih saka kantor, cikut angrewangi pagaweane kang wadon, kaya ta: ngrêrajang, asah-asah, olah-olah, ngladèni wong kang padha jajan, sapanunggalane. Patrap mangkono iku tumrape kang nglakoni, bokmanawa ora dadi apa, jalaran wus dadi karêpe dhewe, ananging tumrap marang nalurine, rak iya nyiyutake rai lan ambêsêmake payunging bapa sakulawargane kabèh.

Barêng bapakne wus wêruh cêtha ing kaanan mangkono iku, bangêt panalangsane, sarta tansah rumasa rikuh dinêlêng ing kiwa têngên. Ajaa kêbo kabotan sungu, mêsthi kêlakon suduk jiwa utawa nglampus, ora tahan wêruh padhang hawa.

--- 102 ---

Lah, iku pakolèhe wong anggranyah, sisip sêmbire sok anylerongi wong atuwane.

--- 103 ---

Isine layang iki

Ing kaca:

1. Bocah wingi sore… 5

2. Amburu udhèt kelangan wêlut, utawa amburu ucêng kelangan dêlêg… 6

3. Wong tuwa ala-ala malati… 7

4. Ula marani gitik… 9

5. Uyah kêcêmplung ing sagara… 11

6. Wêlut didoli udhèt, utawa Cina didoli dom… 13

7. Ambuwang rase nêmu kuwuk… 14

8. Kêpatèn obor… 15

9. Anggênthong umos… 17

10. Kêmladhehan ngajak sêmpal… 18

11. Cindhil ngadu gajah… 20

12. Kacang môngsa ninggala lanjaran… 21

13. Awor sambu… 22

14. Kalah cacak mênang cacak… 24

15. Ambanyu mili… 25

--- 104 ---

16. Sadawan-dawane lurung isih dawa cangkêm… 26

17. Calak ora pacak… 27

18. Angon môngsa… 28

19. Car-cor kaya wong kurang janganan, ora ngubêngake jôntra, têka kêdhayohan wong edan… 29

20. Kakèhan galudhug kurang udan… 31

21. Kêriga têkan cindhile abang… 32

22. Kêrig lampit… 33

23. Kêbo nusu gudèl… 34

24. Kere munggah ing bale… 35

25. Ninggal bocah ana ing waton… 36

26. Nututi layangan pêdhot… 37

27. Kurung munggah lumbung… 38

28. Sulung malêbu ing gêni… 39

29. Alingan wêkasan ngaton… 40

30. Uthik-uthik macan dhedhe… 42

31. Ambujuk Mataram… 43

32. Lêbak ilining banyu… 44

33. Cebol anggayuh langit… 45

--- 105 ---

34. Kêplok ora tombok… 47

35. Maling sandi… 49

36. Ambangun wacana… 51

37. Arêp jamure êmoh watange… 55

38. Anjagakake êndhoge si blorok… 60

39. Ardawalepa, (mênthele) … 63

40. Ambondhan tanpa ratu… 66

41. Anggajah êlar… 71

42. Kêri tanpa pinêcut… 73

43. Nêbak wong mêmangan… 77

44. Rupak jagade… 80

45. Ana catur mungkur… 84

46. Iwak kalêbu ing wuwu… 88

47. Katula-tula katali… 92

48. Ilang jarake kari jaile… 96

49. Wadhuk bêruk… 97

50. Ngêtutake poncoting tapih… 100