Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 001-048)

Katalog:Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751
Sambung:
1.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 001-048). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #815.
2.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 049-099). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #816.
3.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 100-161). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #817.
4.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 162-200). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #818.

Javaansche Zamenspraken

--- iii ---

Voorberigt

De hier volgende Javaansche zamenspraken zijn door den Heer Winter opgesteld met het tweeërlei doel, vooreerst, om den beoefenaar der Javaansche taal beken te maken met de taal van het dagelijksch leven, zooals die in zamenspraken van menschen van allerlei rang en stand in de onderscheidene taal soorten gebruikt wordt, en met allerhande daarin voor komende uitdrukkingen en sprekwijzen, die uit andere boeken niet geleerd kunnen worden; en ten anderen, om den lezer tevens te onderrigten omtrent vele bijzonderheden betreffende Javaansche zeden, gewoonten, instellingen, geschiedenis, letterkunde, enz. Bij vele van deze zamenspraken in dit laatste, doel, zoo niet het eenige, dan toch het voornaamste. Welk een nuttig en belangrijk werk de Heer Winter hier mede geleverd heeft, zal ieder erkennen, die er voor zijn leering gebruik van zal maken.

Gemakkelijk zal men, ook in den uiterlijken vorm, eenig onderscheid bemerken tusshen de eerste dertig zamenspraken en de volgende vijf-en-veertig. De eerste, meestal korter en eenvoudiger, zijn vroeger door den Heer Winter opgesteld, en waren reeds een geruimen tijd afgedrukt, toen ik ook de volgende ter uitgaaf van den Heer Winter ontving. In deze vooral heeft de Heer Winter de losse trant van het dagelijksch gesprek op een gelukkige wijze nagebootst; en, waar dit wegens den aard van het onderwerp minder goed kon geschieden, daar zal men zich schadeloos gesteld venden door de belangrijkheid van de medegedeelde zaken.

Achter het werk heb ik gevoegd een Bijvoegsel op hen onlangs door mij uitgegeven Javaansch woordenboek ven den Heer Gericke, tot verklaring van die woorden en preekwijzen, die in deze zamenspraken voorkomen en in het voordenboek niet, of niet voldoende verklaarg zijn. Ik heb daarin tevens alles obgenomen, wat naar aan aleiding van deze zamenspraken tot verbetering van het woordenboek kon worden bijgedragen. Omtrent de beteekenis van die woordenen spreekwijzen, die mij van elders onbekend waren, heb ik den Heer Winter zelf geraadpleegd, zoodat ik die met zekerheid heb kunnen opgeven.

Delft, 25 Maart 1848. T. Roorda.

--- iv ---

Bij den tweeden druk is dat Bijvoegsel op het Javaansch woordenboek van Gericke door de uitgaaf van een Supplement op dat woordenboek overbodig geworden. Voorts is in deze tweede uitspraak, zooals bijvoorbeeld op bl. 1 in wêsta, kêtingal, sêkikil, sêdulur, kêkalih, en sêtunggil, in de plaats van wasta, katinggal, sakikil sadulur, kakalih en satunggil. In samenspraken vooral is zulk een spelling naar de uitspraak zonder twijfel verkieslijk, en voor eerstbeginnenden nuttig, om hen aan een goede uitspraak te gewennen. - De nommers van de bladzijden van de eerste uitgaaf zijn bij de tweede aangeteekend op den kant.

Op verzoek van den Uitgever heb ik mij met de zorg voor den derden druk belast en getracht de vorige uitgaaf van de nog daarin aanwezige drukfouten te zuiveren.

Op bl. 60, r. 8, verzuimde ik evenwel larang te herstellen, dat in de eerste uitgaaf stond, maar waarvoor in de tweede uitgaaf abusievelijk arang was in de plaats gekomen.

Een paar veranderingen heb ik mij veroorloofd; vooreest stuitte mij het op bl. 68, 13 (1 ste uitgaaf 132, 11) voorkomende dika sida mêyang saniki têng omahe enz. Daar te Mechelen mijn bezwaar deelde, heb ik het veranderd in dika sida saniki têng omahe enz.

Ten tweede heb ik op bl. 88, 16 (eerste druk 170, 3) dipun mahat veranderd in dipun pahat. In de eerste editie nl. van Gericke's Woordenboek vindt men onder mahat specerijen mengen, distileeren. - mahatan gedistileerd. Doch in de tweede editie heeft Roorda het gebracht op het grondwoord pahat, zooals ook Winter en Wilkens in hun Woordenboek opgeven: nl pahat = mahat - pahatan. Alleen behoudt Roorda mahatan in plaats van pahatan. Hoe dit zij, beide nemen aan mahat, werkwoordsvorm van pahat, en dan kan in loco het Passief niet anders zijn dan dipun pahat. Ik heb dan ook niet geaarzeld het er voor in de plaats te stellen.

Leiden, Maart 1882. A. C. Vreede.

--- v ---

Punika Pawicantênan Têmbung Ngoko, Madya kalihan Krama, Minôngka Têturutanipun ingkang Amarsudi badhe Sumêrêp Têmbung Jawi.

1. korte gesprekken in de onderscheidene taalsoorten over verschillende onderwerpen.

Jênêngmu sapa. Wêsta kula pun Saridin. Omahmu ngêndi. Griya kula ing dhusun Jombor, ingkang kêtingal punika. Desa ing Jombor iku milu sapa lan karya pira. Dados lênggahipun Ngabèi Wirapatra ing nêgari, cacah sabin tigang jung. Jênênge dêmange utawa dêkêle sapa. Bêkêlipun awêsta Kyai Wiranaya, bapa kula piyambak. Patuhe bapakmu pira. Ingkang dados patuhipun bapa kula namung sêkikil. Desa têlung jung mau mêtu pajêg pira. Têngahanipun mêdal jung kawan reyal, angênêm likur uwang. Bapakmu olèhe dadi bêkêl wis pira lawase. Sampun wolulas taun punika. Apa kowe isih duwe biyung. Êmbok kula sampun pêjah, antawis gangsal taun punika, ananging pun bapa sampun rabi malih. Apa kowe duwe sêdulur. Gadhah, jalêr kêkalih, èstri têtiga, punika sami tunggil bapa biyung. Apa biyungmu kuwalon wis patutan karo bapakmu. Sampun, jalêr sêtunggil, èstri kêkalih. Mungguh sêdulurmu lima kang tunggal bapa biyung mau, sing tuwa dhewe sapa. Ingkang sêpuh piyambak kula. Umurmu saiki pira. Umur kula sawêg pitulas taun. <2> Dadi lairmu sawise bapakmu dadi bêkêl. Inggih. Apa kowe uwis rabi. Sampun. Bojomu anake sapa. Anakipun bêkêl ing Bêra. Anakmu pira.

Kula dèrèng gadhah anak, awit angsal kula rabi sawêg kalih wulan punika.

--- 2 ---

2. Dalan iki anjog mênyang êndi. Anjog dhumatêng wana ing Krêndhawahana. Alas ing Krêndhawahana iku bawah ngêndi. Bawah ing Kêmangkunêgaran. Alase apa gêdhe. Botên, namung wana têrataban kemawon. Ing alas iku apa ana macane. Têrkadhangan inggih wontên, ingkang mêsthi wontên, namung kidang akalihan sangsam tuwin cèlèng. Apa ora ana larangane wong ambêbêdhil ing alas iku. Mênawi tiyang ambêbujêng ing wana wau, bobênbotên. têrang saking ingkang kagungan wana, dipun awisi, sêrta kacêpêng sênjatanipun. Apa ana Wêlônda kang wis tau amburu ing alas kono. Inggih asring wontên. Apa nyata mungguh ing pawêrta, yèn alas iku angkêr. Pawêrtosipun inggih mêkatên. Apa kowe wis tau ngambah alas ing Krêndhawahana. Sampun. Sarèhne alas iku angkêr, apa ana kang wani ambêburu mrono. Mênawi <3> tiyang Jawi, awis ingkang purun, namung Wêlandi tuwin bôngsa sabrang sanèsipun kathah ingkang purun. Kêpriye cêritane mungguh kang dadi sabab angkêre alas ing Krêndhawahana. Cêriyosipun mila angkêr, awit dados kayanganipun Bathari Durga. Durung têrang sumurupku mungguh angkêre alas iku, apa tinêmune marang wong kang ambêburu mrono. Mênggahing cêriyos, lêpatipun mantuk edan, inggih ical wontên ing wana ngriku. Ilange iku apa mati. Botên, dados ical kapêndhêt ing lêlêmbat. Apa kowe ngandêl kang mêngkono iku. Kadospundi ênggèn kula botên pitajêng, awit sampun wontên kênyataanipun, tiyang ingkang mantuk edan saking wana wau, utawi musna wontên ing ngriku.

3. Sidin. Kula. Jaranku dhawuk kêrokên sing rêsik, lan mêngko sore jam lima abah-abahana, arêp dak tunggangi. Titihan sampeyan dhawuk pincang. Dhèk kapan olèhe pincang, lan sabab dening apa. Pincangipun sawêg wau enjing kemawon, ingkang dados sabab, kula botên sumêrêp. Pariksanên tracake, mênawa kêlêbon kêrikil. <4> Sampun kula pariksa tracakipun, botên wontên punapa-punapanipun. Apa pincang tanpa kêrana, amêsthi ana sababe. Tingal kula dhêngkulipun suku [su...]

--- 3 ---

[...ku] kiwa ingkang ngajêng ragi abuh. Saiki kotambani apa. Kula urut akalihan wêrak panas. Jaranku dragêm bae mêngko sore jam lima abah-abahana. Inggih sandika. Sing dak ênggo mêngko sore, lapak anyar. Kagungan sampeyan lapak ingkang enggal dèrèng mantuk. Ana ngêndi. Kala wingi sampeyan sambutakên dhumatêng Radèn Ngabèi Citranaya, ing sapunika dèrèng kaantukakên. Yèn mêngkono, kowe mênyanga ing omahe Radèn Ngabèi Citranaya, jalukên lapakku. Pêmirêng kula Radèn Ngabèi Citranaya tindak dhumatêng Ngampèl, ing dintên punika dèrèng kondur, ewadèntên inggih kula lampahi dhawah sampeyan. Yèn Radèn Ngabèi Citranaya durung mulih, takona marang sing wadon, apa lapakku diênggo mênyang Ngampèl. Yèn ora, jalukên, warahên yèn arêp dak ênggo mêngko sore. Inggih sandika.

4. Apa nyata pawêrtane, yèn dêmang ing Candhi mau bêngi dikècu. Pawêrtosipun inggih mêkatên. Sing wawêrta mêngkono iku mênyang kowe sapa. <5> Sêdhèrèk kula jalêr, ingkang dados bêkêl wontên ing dhusun Ngadipira. Kêpriye mungguh pawêrtane. Pawêrtosipun, kathahing durjana kècu tiyang 50, kêlêbêt benggolipun. Barang gadhahanipun Dêmang Candhi têlas kapêndhêt ing kècu, sêrta griyanipun kabêsmi. Kêjaba saka ing êntèke barang, sing duwe omah apa ora kêtiwasan. Dêmang ing Candhi tatu waos baunipun ingkang têngên, rencangipun jalêr pêjah sêtunggil. Kècune apa ora ana kang mati, utawa kacêkêl. Durjananipun kècu ingkang pêjah sêtunggil, ingkang tatu kêkalih, ingkang kacêpêng sêkawan. Sing tatu loro mau apa digawa ing kancane, apa milu kacêkêl. Tumut kacêpêng. Kècu kang kacêkêl iku kabèh saiki ana ing êndi. Sampun sami kaladosakên dhumatêng parentah. Kang dadi benggol pira, lan apa gênah jênênge. Ingkang dados begolbenggol. kêkalih, sêtunggil dêmang ing Pijenan, awêsta Kramajaya, kalih dêmang ing Ngijêm, awêsta Dipajaya. Pênunggalaning kècu, kang durung kacêkêl apa ora digolèki. Manawi sampun gênah ing nama, saking aturipun ingkang sami kacêpêng wau, amêsthi dipun upadosi. Sapa sing kêjibah anggolèki lan anyêkêl. Dêmang utawi rêdi, ingkang ambawahakên <6> dhusun panggenaning prakawis. Apa paukumaning kècu. Mênawi kècu mawi rajapêjah, sêrta kantênan ingkang anglampahi raja pêjahwau, paukumanipun [pau...]

--- 4 ---

[...kumanipun] inggih kisas, bilih botên mawi raja pêjah, namung kabucal dhumatêng sabrang, laminipun wolung taun. Kèh-kèhing kècu nganti wong pira. Ingkang kathah ngantos tiyang suwidak utawi pitung dasa. Wong sêmono iku apa padha nganggo gêgaman kabèh. Inggih, sagadhah-gadhahipun, wontên ingkang ambêkta sênjata, wontên waos utawi pêdhang. Apa bedane kècu lan begal. Kècu mêkatên ingkang nêmpuh griya utawi dhusun, dhatêngipun dalu, begal angadhang tiyang wontên ing mêrgi, utawi wontên ing wana, lampahipun siyang utawi dalu. Yèn wong lêlungan nunggang prau, apa ana mutawatire bab kècu utawa begal. Mutawatosipun tiyang kêkesahan numpak baita sami ugi kalihan ingkang mêdal dharat. Awit baita ingkang kèndêl nyipêng wontên ing babagan, inggih asring dipun kècu, mênawi lumampah, têrkadhang inggih wontên ingkang kabegal. Kêpriye pratingkahe ambegal wong nunggang prau, apa begale anyêguri. Botên, ingkang ambegal inggih numpak baita.

5. Sesuk aku arêp lunga ambêbêdhil. Mênyang êndi. Mênyang ing desa <7> Grogol. Kowe mrana arêp ambêdhil apa. Ayam alas lan manuk burcèt, apa kowe gêlêm milu. Bangêt kêpinginku, nanging aku ora duwe bêdhil. Aku gêlêm nyilihi bêdhil siji, apa kowe awas ambêdhil. Biyèn aku wis sinau ambêbêdhil, aku arêp idhêp bêdhilmu. Lagi dirêsiki, mêngko awan dak kirimake marang kowe. Kowe apa duwe obat lan mimis. Ora, lungamu dharat apa nunggang jaran. Aku bakal nunggang jaran, kowe apa duwe jaran. Ora, ananging yèn siji bae aku bisa nyilih. Lapak lan kêndhali aku bisa nyilihi. Aku mulih dhisik. Aja lali angirimake bêdhilmu. Ora. Olèhmu bakal mangkat sesuk wayah apa. Wayah jam lima. Yèn mêngkono têkaku ing kene sêtêngah lima.

6. Ana pawêrta apa (utawa: apa kowe ngrungu pawêrta barang-barang. Utawa: <8> kowe ngrungu pawêrta apa). Aku ora ngrungu pawêrta pisan-pisan. (utawa: aku ora sumurup ing pawêrta, utawa: aku ora ngrungu pawêrta).

--- 5 ---

Apa kang dadi rêrasane sajroning nêgara. Ora ana rêrasan barang-barang. Iku pawêrta bêcik. (utawa: iku pawêrta ala). Apa kowe ngrungu bab wong kêkecon. Aku ora ngrungu barang-barang bab iku, kang dadi rêrasane: bab begalan, pawêrtane, si anu kêtaton, suwênèh ngarani yèn mati. Iya mêngkono pawêrtane, nanging iku kabar angin, nyatane ora, si anu amung tatu sêthithik. Iku kirane iya kudu dinyatakake. Olèhmu ngrungu saka ing sapa. Olèhku ngrungu saka ing wong kang kêna diandêl. Iku mung awagan bae, ora kêna koantêpi, yèn mungguh aku ora ngandêl.

7. Apa kowe arêp ngijolake jaranmu. Karo apa. Karo <9> jaranku. Iya arêp, nanging kowe tombok pira. Kowe anjaluk tombok pira. Sèkêt rupiyah. Jaranmu koajèni pira. Karo bêlah rupiyah. Ora payu pêngaji sêmono, iku jaran tuwa. Iya bênêr, nanging isih rosa. Aku ora nganggo nomboki apa-apa, jaranku bêcike padha karo jaranmu, aku môngsa kêna kobêlithuk. Ora pisan aku mêngkono, aku ora sumêdya mêngkono. Jaranmu olèhmu tuku ngêndi. Olèhku tuku ing pasar. Olèhmu tuku pira. Satus suwidak rupiyah. Rada kêlarangên, saiki murah jaran, apa iku jaran Kêdhu tulèn. Apa kowe isih sumêlang, kowe kêna akon mêriksani mênyang wong kang sumurup.

8. Dagangan dika larang têmên, kula botên wani nganyang. Kula ênggih ngarani larang, nanging lawas-lawas sangsaya larang. Kopi dika rongpuluh dhacin, napa êmpun payu. Êmpun, sing tuku sêdulur dika dhewe, malah wingi: yèn kula botên luput, diduduhake mênyang dika. Kula botên sumurup pisan-pisan <10> ing atase niku, êmpun patang dina niki kula botên kêtêmu karo sêdulur kula, napaa dika botên tutur ing kula. Mulane botên kula tuturake, awit êmpun kula pêsthèkake: yèn dika bakal nêpsu.

--- 6 ---

9. Sapa sing anjupuk ladingku. Kula ingkang mêndhêt. Saiki ana ngêndi. Kula dèkèkakên ing meja. Yagene kodokokake ing meja. Saking dhawahipun putra sampeyan. Jaranku apa wis kotatahi tracake. Dèrèng, kula kêsupèn. Kowe iku lalèn têmên, tatahana saiki, yèn uwis, nuli mênyanga ngomahe Si Kêrti, warahên yèn aku butuh dhuwit, utange disaurana ing dina iki. Wingi kula sampun nampèni yatra pitung dasa rupiyah saking pun Kêrti, nanging kêsupèn, botên kula saosakên ing sampeyan. Mêngkono bangêt bungahku, sabab aku bisa nyauri utangku.

10. Kasim. Kula. Apa kowe wis awèh dhuwit mênyang gêrji Cina, sumurup pêtukuning sangkêlat biru. Dèrèng, ingkang mawi kagungan sampeyan yatra sampun têlas. Yèn tanpa dhuwit, wis mêsthi kowe ora bisa nyênyauri, <11> mêngko yèn Cinane mrene nagih, konên nyarèhake nganti mêngko sore jam lima. Inggih sandika. Kowe saiki gawe apa. Kula sawêg angrêsiki sêpatu sampeyan, mênawi sampun, lajêng badhe dhatêng pêkên, tumbas kambangan. Yèn kowe mênyang pasar, mampira ngomahe Si Patra, warahên, utange sing têlung puluh rupiyah disaurana sêdina iki. Inggih sandika, ananging pêndugi kula botên sagêd nyaur, ingkang mawi sambutanipun dhatêng tiyang sanès kathah.

11. Aji Saka pira lawase ênggone nyêlani jumênêng ratu ana ing Mêndhang Kamolan, lan sapa kang anggêntèni Aji Saka. Olèhe nyêlani dadi ratu mung têlung taun, banjur nêgara ing Mêndhang Kamolan dirêbut ing Radèn Daniswara, anake Dewata Cêngkar, iya iku kang jumênêng ratu turun-tumurun, ora ana sing nyêlani. Sapa kang ambêbaluhi pangrêbute nêgara ing Mêndhang Kamolan. Kang ambêbaluhi Raja Angin-angin, kang angkêdhatonangêdhaton. ing Sêgara Kidul, lan widadari lêlima, kang pinaringake ing dewa marang Radèn Daniswara dadi garwane.

--- 7 ---

Kowe iku elingan, wangsulanamu bênêr kabèh, sapa jênênge bapakne Dewata <12> Cêngkar. Prabu Sindhula. Ing êndi nagarane. Ing Galuh. Dewata Cêngkar wêkas-wêkasane dadi apa. Wêkas-wêkasane salah kêdadèn, dadi baya putih.

12. Sidin. Kula. Layang-layangku wacan apa wis kopasrahake mênyang sêdulurku wadon. Angsal kula masrahakên botên dhatêng sêdhèrèk sampeyan èstri, dhatêng sêdhèrèk sampeyan jalêr. Yagene ora kopasrahake mênyang sêdulurku wadon, têka kopasrahake mênyang sêdulurku lanang. Mila mêkatên, awit sêdhèrèk sampeyan èstri botên wontên ing dalêm. Apa kowe wis mênyang omahe Si Kêrti. Sampun, nanging kagungan sampeyan titihan kawangsulakên. Apa ora tutur sababe dibalèkake. Inggih dipun sanjangakên, ingkang sêpisan, dèrèng gadhah yatra, kaping kalih botên gadhah kêdhogan.gêdhogan.

13. Saridin. Kula. Aku jupukna kêrtas kang bêcik, kalam sing bêcik, lan mangsi kang irêng, aku arêp nulis layang. Inggih sandika. Kêrtas <13> iki bêcik, nanging kalame kabèh ala, meja pêsagi kae prènèkna, iki kêdhuwurên. Inggih sêndika. Pêngaretan kiye kêthul, jupukna liyane sing landhêp. Inggih sandika. Pêngaretan anyar, olèhku tuku wingi, ana ngêndi. Kula botên sumêrêp, kala wau kula tingali wontên ing meja ijêm punika. Golèkana, elingku dhèk wingi dakwènèhake ing kowe, dak kon ngasah. Inggih sandika. Jidaran kiye bengkong, sing kayu sana jupukên mrene. Inggih sandika. Mangsi kiye kêkênthêlên, jogên wêrak sêthithik. Inggih sandika. Kêrtase ambêlobor, ora kêna ditulis. Anjupuka liyane sing bêcik. Kagungan sampeyan kêrtas sampun têlas. Tukua mênyang Pacinan sêdhela. Inggih sandika.

--- 8 ---

14. Ing wulan Rabingulakir ngajêng punika kula badhe dhatêng ing Toyamas. Prêlunipun punapa. Tuwi paman kula, ingkang dados jêksa wontên ngrika. Sarêngan sampeyan lumampah sintên. Kyai Ngabèi Pranacitra. Punapa sampeyan namung badhe tindak dhatêng ing Toyamas kemawon, botên ngêrsakakên dhatêng ing Roma, tuwin ing Jatinêgara, aningali panggenan damêl gêndhis. <14> Niyat kula, botên namung badhe dhatêng ing Roma, tuwin ing Jatinêgara kemawon, malah badhe dhatêng ing Bagêlèn, sêrta dhatêng ing Prabalingga, awit kula gadhah sêdhèrèk wontên ing panggenan kêkalih wau. Tindak sampeyan dhatêng ing Toyamas numpak kapal punapa numpak tandhu. Niyat kula badhe ambêkta kapal akalihan tandhu, kenginga kadamêl gêntosan, mênawi wontên sayah kula. Kêrsa sampeyan makatên punika kula sangêt amrayogèkakên.

15. Dika niku lagi napa. Kula lagi maca. Napa sing dika waca. Layang Rama, kalane Anoman kacêkêl ontên pêtamanan nêgara ing Ngalêngka, banjur diobong. Wingi kula maca Layang Panji, besuk-esuk kula bakal maca Layang Menak. Dika niku dhêmên têmên maca. Kula dika arani dhêmên maca, satêmêne botên, sing kêna dika arani dhêmên maca, sêdulur kula lanang, sabên-sabên kula mênyang omahe, kêtêmu lagi maca, nanging sabarang sing diwaca botên ngêrti. Napa nyata. Inggih, mulane kêrêp kula gêguyu.

16. over gebruiken en instellingen betreffende het huwelijk. Vrg. De verhandeling van den Heer Winter: instellingen gewooten en gebruiken der Javanen te Soerakarta, in het Tijdschrift voor Neêrlands indië, 5de jaargang, 1ste deel, bl. 458-608 en bl. 564-608

Apa kowe sumurup laku-lakune wong Jawa ngomah-omahake anake. <15> Kêdhik-kêdhik inggih sumêrêp. Kêpriye laku-lakune. Tiyang gadhah anak jalêr, yèn sampun akil balèg, tumuntên bapakipun ngupados tiyang ingkang gadhah anak èstri, yèn wontên ingkang dipun sênêngi, lajêng anglampahakên pacuk, angêthuk-êthukakên. Yèn kang duwe anak wadon sêmu parêng, kêpriye banjure. Ingkang gadhah anak jalêr tumuntên anglampahakên congkok, anakèkakên. Yèn kang duwe anak wadon wis awèh, kêpriye. Lajêng nontoni. Sasuwene nontoni, apa nganggo cêcaturan bab olèhe [o...]

--- 9 ---

[...lèhe] bakal bêbesanan. Botên. Saulihe nontoni kêpriye. Lare jalêr dipun pitakèni, rêmên akalihan botênipun dhatêng lare èstri ingkang sampun katingalan. Yèn wus kêduga dhêmên, kêtêmu rujuke kang padha bakal bêbesanan kêpriye. Lajêng maningsêti, amawi lamaran. Bocah wadon apa nganggo ditari, yèn bakal dilakèkake. Botên. Namung samangsanipun badhe ningkah kemawon kasêrêpakên, <16> kang sarta botên kenging mopo. Saupama bocah lanang sawise nontoni, ora dhêmên marang bocah wadon. Dhaupe sida apa ora. Botên. Bapaking lare jalêr lajêng suka uninga dhatêng bapaking lare èstri. Apa têgêse tukon. Têtumbasan punika wêrni yatra, saking bapakipun lare jalêr, kasukakakên dhatêng bapakipun lare èstri. Apa mêsthi nganggo tukon. Botên. Sawise maningsêti kêpriye banjure. Lajêng anasrahi, yèn mawi têtumbasan kasarêng kalihan sasrahan. Sasrahan iku saka ing sapa. Saking bapakipun lare jalêr. Sasrahan iku wêrna pira, lan apa arane. Wêrni tiga, 1. bubak kawah, 2. tumpak ponjèn, 3. sasrahan ingkang sampun kalampah. Yèn wis nasrahi, banjur apa. Lajêng nonjoki. Wong nonjoki iku mênyang sapa. Dhatêng sanak sêdhèrèk tuwin kêwanuhanipun. Wong mêmanton apa nganggo awèh apa-apa marang dhêdhuwurane. Mawi, anama pakêpêl. Wong mêmanton nganggo jagongan iku kêpriye. Ing nalika nonjok wau, mawi ngatur-aturi nêdha eca. Jagongan kang wêkasan, utawa kang amung sawêngi, esuke ningkah apa jênênge. Midadarèni. Sawise midadarèni banjur kêpriye. Enjingipun ningkah. Mênyang êndi olèhe <17> ningkah. Wontên ingkang dhatêng suranatan, wontên ingkang dhatêng mêsjid Agêng, wontên ingkang dhatêng griyanipun pêngantèn èstri, mawi-mawi kang ambawahakên bapaking èstri. Pêngantèn wadon apa milu diningkah. Botên. Sapa kang ngêlumpuk ana ing panggonan bakal ningkah mau. pêngulu, sêksi kêkalih, pêngantèn jalêr, wali. Wali iku saka ing pêngantèn lanang apa saka ing pêngantèn wadon. Saking pêngantèn èstri, tiyang jalêr botên susah mawi wali. Sawise ningkah banjur kêpriye. Pêngantèn jalêr sasampuning ngujung dhatêng ingkang kaprênah sêpuh, lajêng mantuk dhatêng griyanipun. Kêpriye banjure. Wanci jam sêkawan sontên pêngantèn jalêr dhatêng griyanipun pêngantèn èstri, badhe kapanggihakên. Kêpriye pratingkahe nêmokake. Pêngantèn jalêr sarêng dumugi griyaning marasêpuh, kapêthukakên ing pêngantèn èstri wontên ing paringgitan. Lajêng balangan gantal. Pêngantèn èstri [è...]

--- 10 ---

[...stri] lajêng angwisuhi sukuning pêngantèn jalêr. Yèn wis katêmokake banjur kêpriye. Pêngantèn èstri kabêkta dhatêng griyanipun pêngantèn jalêr. Yèn pêngantèn lanang wadon wis padha lumêbu ing kobongankrobongan. kêpriye. Antawis sajam kaoboran, sêdalu ngantos kaping tiga. Ngundhuh mantu iku apa. Pêngantèn èstri sasampuning nyipêng sêdalu ing griyanipun marasêpuh, sontênipun mantuk akalihan ingkang jalêr. Ana ing omahe bapaking <18> wadon, pêngantèn apa nganggo kaoboran manèh. Botên.

17. Wong rabi nyantri iku kêpriye. Tiyang gadhah anak jalêr, rumaos katir ing kasinggihan, tuwin kasugihanipun, akalihan ingkang gadhah anak èstri, ingkang badhe kapêndhêt mantu, punika kapasrahakên dhatêng bapakipun pêngantèn èstri, punika ingkang mragadi pikramènipun. Yèn ana wong ningkahake anak, ora banjur katêmokake, iku apa arane. Punika dipun wêstani gantung kawin. Yèn ana wong ngomah-omahake anake lanang utawa wadon, loro tuwin luwih saka ing loro, kabarêng ningkah satêmune pisan. Iku apa arane. Punika dipun wêstani ambanon rêbah. Yèn ambata rubuh iku besan mung siji, padha duwe anak lanang siji, wadon siji, kadhaupake iku apa arane. Punika dipun wêstani ambanon rêbah anglumah ngurêbakên. Dhaup ambanyu mili iku apa. Tiyang ngemah-emahakên anak jalêr utawi èstri sabên taun. Yèn ana pêngantèn katêmokake, sawise balangan gantal, sing lanang kacêkêlan tumpêr, sing wadon anyiram banyu saka ing kêndhi, iku sabab dening apa. <19> Punika panggihing pêngantèn dhudha akalihan prawan. Yèn pêngantèn katêmokake, kang lanang nganggo macul tumpêng, iku sabab dening apa. Awit awunipun sêpuh ingkang èstri. Yèn pêngantèn katêmokake, kang lanang nganggo macul pipisan, iku sabab dening apa.Sabab kapanggih sami misanan. Yèn ana pêngantèn kang lanang anjajari lumaku ngarêping pêngantèn wadon, mandhi tumbak ligan, iku sabab dening apa. Sabab tiyang alit angsal putraning pangeran, utawi putraning ratu.

--- 11 ---

18. Wong ningkah apa kêna wakil. Kenging. Sapa kang asring ningkah nganggo wakil. Kathah-kathahipun priyantun, ubawiutawi. tiyang agêng, angsal tiyang alit. Apa kang ginawe tôndha kagawakake ing wakil. Kalimrahanipun dhuwungipun ingkang adamêl wakil. Bab agama Muhammad, kênane wong lanang amèk bojo pira. Namung sêkawan. Yèn wong wis duwe bojo papat, môngka dhêmên ing liyane kêpriye. Bojo sêkawan salah sêtunggil kasambut kawinipun, kadamêl angawin tiyang ingkang dipun rêmêni wau. <20> Ngawin mêngkono iku apa arane. Punika dipun wêstani nguluk. Bojo kang disilih kawine mau apa kêna kadukul. Botên, bilih dèrèng kawangsulakên kawinipun. Wong dikuluk, upama banjur katêtêpake dadi bojo, iku kasaratan nganggo kaningkah apa ora. Mawi.

19. Yèn wong pêpêgatan kang wis sah, môngka sumêdya bakal ajêjodhon manèh, apa kêna banjur ningkah manèh. Botên, kêdah mawi êlêt, yèn sampun kapêgat dhatêng kang kadamêl êlêt wau, kenging ningkah kalihan bojonipun lami. Yèn wis kapêgat ing êlêt mau, apa kêna ningkah sakal karo bojone lawas. Botên, kêdah mawi edahidah (dan di tempat lain). tigang wulan sêdasa dalu. Bataling êlêt apa. Yèn botên andukul. Saupama kadukul banjur mêtêng, apa kêna kaningkah ing bojone lawas, sawising edah mau. Botên. Kêdah mawi ngantosakên lairing lare. Apa anggêr uwong kêna digawe êlêt. Botên. Kêdah ingkang pancèn kenging aningkah kalihan èstri kang kaêlêtan wau.

20. <21> Saupama ana wong wadon mêtêng, ora karuwan kang ngêtêngi, ora ana kang diakoni katêrka, sapa kang wajib ningkah. Ratu, ananging sarèhning ratu ing bab khukum ningkah kagungan wakil pêngulu, dados wajibipun dhatêng pêngulu, pêngulu anjibahakên [anjibah...]

--- 12 ---

[...akên] dhatêng lurah: utawi bêndaranipun èstri kang mêtêng wau. Ningkah mêngkono iku apa arane. Dipun wêstani ningkah tambêlan. Apa pêkolèhe utawa prêlune ningkah tambêlan. Amung anak sampun dados nama kowar. Yèn kang mêtêng mau ana kang katêrka ngêtêngi, khale mungkir kêpriye. Yèn kêncêng pamungkiripun, kang katêrka kaimbar, ingkang kajibah ningkah lurahipun. Yèn kang katêrka ngakoni kêpriye. Punika kajiyad lajêng dipun kèn ningkah. Saupama ana wong wadon mêtêng ora karuwan kang ngêtêngi, kawruhan ing parentah, sadurunge kaningkah ing lurah, kêpriye. Punika lurahipun kenging ing patrapan dhêndha ing samurwat, sêrta kajibah ningkah.

21. over de besnijdenis van een kind. Vrg. t. a. pl. bl. 706-708

Bocah lanang umur pirang taun ditêtaki. Kêlimrahanipun umur 15 <22> taun. Yèn bocah wadon umur pirang taun disunati. Nêm utawi pitung taun. Sing nêtaki bocah lanang utawa nyunati bocah wadon apa padha bae. Botên. Yèn lare jalêr inggih tiyang jalêr, yèn lare èstri inggih tiyang èstri.

22. over de begrafenis van een doode. Vrg. t. a. pl. bl. 708 vlg.

Wong Jawa yèn mati pamêndhême mujur ngêndi. Mujur ngalèr, kairingakên majêng ngilèn. Panggonan kang kagawe mêndhêm apa nganggo dituku. Yèn pancèn pêndhêmipun piyambak, botên. Yèn botên gadhah pêndhêm mawi tumbas panggenan. Apa akèh patukune. Kêdhikipun sêka, kathahipun sêrupiyah. Apa arane wong tuku panggonan, ginawe mêndhêm jisim. Dipun wêstani ngêsur tanah.

23. over de trappen en titels van adel. Vrg. t. a. pl.bl. 722-725

Apa kowe sumurup pranataning nêgara bab jêjuluking pangeran. Kêdhik-kêdhik <23> kados sumêrêp. Jêjuluking pangeran nganti tumurun ping pira. Namung têdhak kaping kalih, kaetang saking kangjêng susuhunan. Yèn turun ping têlu, apa ora kêna jênêng pangeran. Kenging, yèn wontên kêrsaning ratu, punika nama ganjaran. Yèn turun ping têlu ora bisa dadi pangeran, jênêng apa. Nama radèn mas riya. Pangeran kang lagi turun sêpisan,

--- 13 ---

jênêng apa. Nama pangeran putra. Yèn turun ping pindho utawa luwih, aran apa. Nama pangeran sêntana. Putraning pangeran putra, kang mêsthi anggêntèni jênêng pangeran pira. Namung sêtunggil, ingkang sêpuh piyambak utawi kang saking ngajêng. Saupama pangeran putra mau kagungan putra sêpuh saka ing buri, ênèm saka ing ngarêp, êndi sing wajib anggêntèni. Ingkang ênèm saking ngajêng. Putrane kangjêng susuhunan saka ing ngarêp kang miyos kakung, timure aran apa. Nama radèn mas gusti utawi gusti timur. Yèn wis jumênêng, aran apa. Ingkang putra sêpuh piyambak <24> nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunêgara, Sudibya Raja Putra Narendra Mêtaram, ingkang ênèm nama kangjêng gusti. Putrane kangjêng susuhunan saka ing buri, kang miyos kakung, timure aran apa. Nama radèn mas, yèn sampun jumênêng, nama kangjêng pangeran. Putrane kangjêng susuhunan saka ing ngarêp miyos putri, timure aran apa. Nama radèn ayu, yèn sampun krama, nama ratu. Putrane kangjêng susuhunan saka ing buri miyos putri, sêpuh dhewe, timure aran apa. Nama radèn ajêng, yèn sampun krama, nama ratu alit utawi ratu anggèr. Putrane kangjêng susuhunan saka ing buri, miyos kakung sêpuh dhewe, timure aran apa. Nama radèn mas, yèn sampun jumênêng nama pangeran ngabèi. Mungguh putrane kangjêng susuhunan saka ing buri miyos putri sêpuh dhewe mau, apa mêsthi aran ratu alit utawa ratu anggèr. Botên, namung yèn wontên kêrsanipun kangjêng susuhunan angganjar nama mêkatên, yèn botên kaganjar nama, namung nama radèn ayu. Putrane kangjêng susuhunan saka ing buri miyos putri ênèm, timure aran apa. Nama radèn ajêng, yèn krama nama radèn ayu. Sêpira watêse kang aran radèn ayu. Watês buyuting ratu. Turuning buyut mau aran apa. Alitipun nama radèn rara, yèn krama nama radèn ngantèn. Radèn rara mau apa ora kêna aran radèn <25> ayu. Kenging, yèn krama pangeran utawi priyantun agêng. Wangsulanamu mau apa kêna dak ugêmi kabèh. Pangraosing manah kula kenging.

24. over het recht van opvolging in een post. Vrg. t. a. pl. bl. 729 vlg.

Apa kowe sumurup pranataning nêgara, bab ing kêpriyayèn. Kêdhik-kêdhik kados sumêrêp. Yèn ana priyayi mati, kêlungguhane apa tumurun ing waris. Inggih. Sapa kang wajib anggênteni. Anakipun [A...]

--- 14 ---

[...nakipun] jalêr ingkang sêpuh piyambak. Saupama duwe anak lanang tuwa mêtu saka ing buri, ana kang ênom saka ing ngarêp, êndi kang wajib anggêntèni. Ingkang ênèm mêdal saking ngajêng. Yèn priyayi kang mati mau ora duwe anak lanang, sapa kang anggêntèni. Anakipun èstri, yèn dèrèng laki, mawi dipun êmbani, mênawi sampun laki, bojonipun ingkang minôngka êmban, yèn sampun gadhah anak jalêr, punika ingkang wajib anggêntosi. Yèn ana priyayi mati ora tinggal anak lanang utawa wadon, kêpriye. Ingkang wajib anggêntosi sêdhèrèkipun jalêr, utawi sêdhèrèking bapa, kapenakan pancêr jalêr, nak-sanak pancêr jalêr, sêdhèrèking kaki, pundi ingkang sampun dados parênging parentah, kadugi sagêd anggêntosi. Yèn priyayi pocot amêrga dosa ing ratu: utawa dosa ing nêgara, apa ahli warise <26> wajib anggêntèni. Botên. Apa sarupaning kalungguhan mêsthi tumurun ing waris. Botên. Êndi kang ora mêsthi tumurun ing waris. 1. radèn adipati, 2. pêngulu, 3. jêksa. Wangsulanamu kabèh iku bênêr, lan kêna dak ugêmi. Pêngraos kula kenging, ewasapunika, mênawi panjênêngan sampeyan têksih kagungan pênggalih sumêlang, mugi andangu dhumatêng sanèsipun.

25. over de geschiedenis van Java sedert de stichting van het rijk van Mådjåpaït

Kowe apa sumurup babading tanah Jawa. Kêdhik-kêdhik inggih sumêrêp. Aku arêp sumurup gancare, apa kowe bisa nurut wiwit saka ing adêge kêraton ing Majapait tumêka adêge kêraton ing Surakêrta. Sagêd, ananging mênggah ingkang badhe sampeyan sumêrêpi, punapa wiwit saking panjênênganipun Prabu Sêsuruh punapa saking panjênênganipun ratu ing Maospait ingkang wêkasan. Mung wiwit saka ing panjênêngane ratu ing Majapait kang wêkasan bae, nanging aku arêp sumurup adêge kêraton ing Majapait iku dhèk taun apa. Adêgipun kala ing taun 1301, ingkang jumênêng ratu Prabu Sêsuruh, putranipun Sri Pamêkas ratu ing Pêjajaran. Sabab <27> dening apa diarani Majapait. Mila dipun wêstani Majapait, kabêkta saking namanipun ing uwit maja, isinipun pait. Kêpriye cêritane. Sasirnanipun Sri Pamêkas, amêrgi dipun kêlêm dhumatêng ingkang putra anama Siyung Wanara utawi Banyakwidhe, Prabu Sêsuruh wau sumêdya malês dhumatêng Siyung Wênara, ngantos sami pêpêrangan. Ananging Prabu Sêsuruh kawon, kèngsêr saking Pêjajaran ngungsi dhumatêng Ajar Cêmara Tunggal, pitêdahipun ajar wau, [wa...]

--- 15 ---

[...u,] Prabu Sêsuruh kapurih angupadosana wana, ingkang wontên uwitipun maja sêtunggal, uwohipun namung sêtunggal, isinipun pait, mênawi sampun pinanggih, lajêng adhêdhêkaha wontên ing panggenanipun uwit maja wau, Prabu Sêsuruh angèstokakên pitêdahing ajar, amanggih uwit maja sêtunggal, anêtêpi wicantêning ajar, lajêng adhêdhêkah wontên ing ngriku lami-lami dados nêgari, anama Majapait. Ing layang babad ana nêgara Majalêngka iku apa seje karo Majapait. Punika sami ugi, inggih Majapait inggih Majalêngka utawi Majalangu tuwin Wilatikta. Sabab dening apa nagara siji jênênge nganti papat. Punika namung kadamêl guru lagunipun sêrat ingkang mawa sêkar, lêngka akalihan tikta punika sami têmbung Kawi, têgêsipun pait. <28> Suwênèh pujôngga amêstani lêngka wau langu. Apa têgêse wila. Wila punika inggih têmbung Kawi têgêsipun maja. Mêngko ta, sadurunge kowe nutugake cêritamu, aku arêp sumurup sababe, dene Siyung Wênara angêlêm kang rama. Sababipun mêkatên, sarêng Siyung Wênara lair, dipun pêca dhatêng para nujum yèn ing têmbe badhe nyedani ingkang rama, saking sumêlanging pênggalihipun Sri Pamêkas, bokmênawi pamêca wau kayêktosan, Siyung Wênara lajêng kalabuh dhatêng lèpèn ing Krawang, nanging botên ngantos pêjah, awit dipun wadhahi kêndhaga, sarta nuntên dipun panggih ing tiyang, anama Kyai Buyut. Apa Kyai Buyut iku sing mulasara marang Siyung Wênara. Inggih, malah dipun pêndhêt anak. Dados anggènipun ngêlêm ingkang rama wau dhapur malês. Siyung Wênara kêpriye olèhe sumurup, yèn kalane isih bayi dilabuh dening ingkang rama. Kados inggih wontên ingkang nyêrêpakên. Olèhe ngêlêm kang rama apa sêrana wêsesa, apa sêrana akal. Sêrana akal. Kalane Sri Pamêkas angabdèkake marang Siyung Wênara, apa ora sumêrêp yèn putrane. Botên, saupami sumêrêpa, kados botên kêrsa ngabdèkakên, utawi lajêng dipun pêjahi. Kang ngratoni nagara ing Majapait pira, wiwit ing taun 1301 nganti ing sasirnane. Engêt kula pitu, 1. Prabu <29> Sêsuruh, 2. Sri Anom, 3. Sri Adaningkung, 4. Sri Hayam Wuruk, 5. Lêmbu Amisani, <29> 6. Sri Tanjung, 7. Brawijaya. Rusake kêraton ing Majapait dhèk taun apa. Risakipun kala ing taun 1403. Rusake amêrga dening apa. Amêrgi dipun risak dhatêng putranipun Prabu Brawijaya piyambak, ingkang nama Radèn Patah. Sabab dening apa ngrusak kêratoning bapa. Radèn Patah wau sampun manjing ing agami Islam, ingkang rama têksih Buda, sarêng ingkang rama kaaturan ngagêm agami Islam, botên kêrsa, lajêng

--- 16 ---

kawêsesa, kêlampahan dipun lurugi, ananging sarêng bêdhahipun nagari ing Maospait, Prabu Brawijaya sasêntananipun botên pinanggih wontên salêbêting kêdhaton. Kêpriye dene ora kêtêmu ana sajroning kêdhaton, apa tinggal nêgara. Botên, ingkang kasêbut ing babad, Prabu Brawijaya sasêntananipun murud dhatêng kêdewatan. Umure kêraton ing Majapait dadi pirang taun. Umuripun kêraton ing Maospait namung 102 taun. Sarusake nêgara ing Majapait, Radèn Patah apa anggênteni kêratoning bapa. Botên, lajêng jumênêng ratu wontên ing Dêmak. Adêge kêraton ing Dêmak dhèk taun apa. Adêgipun kêraton ing Dêmak tunggil taun kalihan risakipun ing Maospait. Dadi adêge kêraton ing Dêmak ing taun 1403. Inggih. Pira umure <30> kêraton ing Dêmak. Umuripun kêraton ing Dêmak 100 taun. Ratune pira. ratunipun têtiga, 1. Radèn Patah, 2. Pangeran Sabrang Lèr, 3. Sultan Bintara, Radèn Patah akalihan Pangeran Sabrang Lèr wau inggih jêjuluk Sultan Bintara. Rusake kêraton ing Dêmak dhèk taun apa. Risakipun kala ing taun 1503. Apa kang dadi jalaraning rusak. Jalaranipun mêkatên, adipati ing Pêngging, anama Andayaningrat punika kapundhut mantu dhumatêng Prabu Brawijaya, kaangsalakên putranipun, anama Ratu Pêmbayun, patutan kêkalih, 1. Kêbo Kênanga, 2. Kêbo Kanigara, Kêbo Kênanga wau pêputra Radèn Mas Karèbèt, inggih nama Jaka Tingkir, Jaka Tingkir angabdi dhumatêng Sultan Bintara, lajêng kapundhut mantu, saha kaangkat dados adipati ing Pajang, kala têksih panjênênganipun Sultan Bintara, Jaka Tingkir adamêl kêdhaton wontên ing Pajang, sarêng ingkang rama marasêpuh seda, lajêng jumênêng sultan wontên ing Pajang, kêraton ing Dêmak nuntên risak piyambak. Dhèk taun apa adêge kêraton ing Pajang. Nunggil taun kalihan risakipun kêraton ing Dêmak. Dadi adêge kêraton ing Pajang ing taun 1503. Inggih. Ing layang babad ana kang jênêng Kyai Agêng Pêmanahan iku sapa. Kyai Agêng Pêmanahan punika putranipun Kyai Agêng Ênis, kapêndhêt putra dhatêng sultan ing Pajang. Saka iing. Prabu Brawijaya <31> Kyai Agêng Pêmanahan iku dadi têdhak ping pira. Kyai Agêng Pêmanahan saking Prabu Brawijaya dados têdhak kaping gangsal. Kêpriye urut-urutane. Urut-urutanipun mêkatên. Prabu Brawijaya pêputra Radèn Bondhan Kêjawan, Radèn Bondhan Kêjawan pêputra Kyai Agêng Gêtas Pêndhawa, Kyai Agêng Gêtas Pêndhawa pêputra Kyai Agêng Sêsela, Kyai Agêng Sêsela pêputra Kyai Agêng Ênis, Kyai Agêng Ênis pêputra Kyai Agêng Pêmanahan.

--- 17 ---

Tuturmu mau putrane Prabu Brawijaya aran Radèn Patah, saiki Bondhan Kajawan. Putranipun Prabu Brawijaya sumêrêp kula sêdaya wolu, 1. Ratu Pambayun, 2. Arya Damar, 3. Radèn Patah, 4. Lêmbu Pêtêng, 5. Bathara Katong, 6. Radèn Bondhan Kajawan, 7. Jaran Panolih, 8. Radèn Gugur, nanging ingkang anêdhakakên para ratu ing tanah Jawi: Radèn Bondhan Kajawan wau. Saiki wis têrang sumurupku, mara tutugna cêritamu bab adêge kêraton ing Pajang. Sarêng Jaka Tingkir madêg sultan wontên ing Pajang, Kyai Agêng Pêmanahan akalihan Kyai Panjawi, sami tumut dhumatêng Pajang. Ing Pajang iku ngêndi prênahe. Sakilènipun nêgari ing Surakêrta, ragi èncèng-èncèng ngidul. Pira dohe saka ing nêgara. Wêtawis kalih pal utawi tiga têngah pal. <32> Sing jênêng Pangeran Arya Jipang iku sapa. Punika wayahipun Radèn Patah. Apa Pangeran Arya Jipang iku sing kacêrita ora gêlêm nungkul marang sultan ing Pajang. Inggih punika, malah anggadhahi pêngangkah badhe dados ratu piyambak. Ngantos kêlampahan amêjahi putranipun Sultan Bintara kêkalih, anama Sunan Prawata, akalihan Ratu Mas Kalinyamat. Sabab dening apa dipatèni. Amêrgi dipun dugi amakèwêd anggènipun badhe dados ratu. Pangeran Arya Jipang mau apa nganti bisa dadi ratu ing Panjang. Botên, sampun adamêl rêrêsah, sumêdya ngrêbat kêraton ing Pajang, ananging botên kêlampahan, awit kenging dipun paeka dhumatêng Kyai Agêng Pêmanahan, akalihan Kyai Panjawi, wusana dipun pêjahi dhumatêng Radèn Ngabèi Salèring Pêkên. Radèn Ngabèi Saloring Pasar iku sapa. Punika putranipun Kyai Agêng Pêmanahan, pawingkingipun anama Panêmbahan Senapati. Kalane Pangeran Arya Jipang agawe rêrusuh mau ing taun apa. Kala ing taun 1531. Sapatine Pangeran Arya Jipang, Kyai Agêng Pêmanahan lan Kyai Panjawi apadene Radèn Ngabèi Saloring Pasar, apa ora diganjar dening sultan ing Pajang. Inggih dipun ganjar, Kyai Agêng Pêmanahan kaganjar siti ing Mêtawis, Kyai Panjawi kaganjar tanah ing Pathi. Radèn Ngabèi Saloring Pasar apa ora diganjar. Botên dipun ganjar piyambak, ananging sarèhning ingkang rama sampun kaganjar, prasasat tampi piyambak. <33> Kêpriye banjure cêritamu. Sasedanipun Kyai Agêng Pêmanahan, Radèn Ngabèi Salering Pêkên yasa kêdhaton wontên tanah ing Mêtawis, lajêng anama Panêmbahan Senapati. Pênggawene kêdhaton ing tanah Mêtaram apa ora andadèkake sumêlange sultan ing Pajang. Inggih andadosakên sumêlangipun, awit Panêmbahan Senapati kagalih badhe jumênêng ratu. Apa iya nyata mêngkono kêrsane Panêmbahan Senapati. Kados [Kado...]

--- 18 ---

[...s] inggih mêkatên, ananging dèrèng wontên kayêktosanipun. Ewadèntên sampun kaanggêp mêngsah. Apa nganti pêpêrangan. Mênggahing cêriyos têtiyang ing Mêtawis sampun ajêng-ajêngan akalihan têtiyang ing Pajang, ananging dèrèng ngantos tanglêd, anuntên têtiyang ing Pajang giris lumajêng piyambak. Iku sabab dening apa. Amêrgi Panêmbahan Senapati wau dipun biyantoni dhatêng êjin, anama Nyai Rara Kidul, balanipun sami êjin sêdaya. Kang mêngkono iku apa nyata. Duka sampeyan, ingkang kasêbut ing sêrat babad mêkatên. Saundure bala ing Pajang banjure kêpriye. Saunduripun têtiyang ing Pajang, botên antawis lami sultan ing Pajang seda, kagêntosan dhumatêng ingkang putra mantu, anama adipati ing Dêmak. Apa sultan ing Pajang ora kagungan putra kakung, dene kêratone digêntèni ing mantu. <34> Kagungan putra kakung sêtunggil, anama Pangeran Banawa, ananging ingkang kapilih dhumatêng Sunan Kudus anggêntosi kêraton, adipati ing Dêmak wau. Sunan Kudus iku sapa. Punika wali, gurunipun sultan ing Pajang. Apa Sunan Kudus iku anduweni pênguwasa, dene wênang amilih kang anggêntèni kêraton. Botên, ananging kala ing jaman sêmantên para wali kaèstokakên sapitêdahipun, kados para Nabi ing jaman kina. Apa adipati ing Dêmak mau iya jênêng sultan. Botên, namung nama adipati ing Pajang kemawon. Kêlungguhane dadi adipati ing Pajang apa nganti tumurun marang anake. Botên, malah botên ngantos lami, lajêng kamantunan dhumatêng Panêmbahan Senapati, amêrgi saking panggubêlipun Pangeran Banawa, saha lajêng kawangsulakên malih dhumatêng ing Dêmak. Anuntên Pangeran Banawa wau kagêntosakên ingkang rama, ananging nama adipati kemawon. Sabab dening apa dimarèni. Amêrgi saking rêsahing kêlakuanipun, angêmpakakên sawênang-wênang. Sapa sing anggêntèni Pangeran Banawa. Sasedanipun Pangeran Banawa, ingkang anggêntosi sêdhèrèkipun ênèm Panêmbahan Senapati, anama Pangeran Tumênggung Gagak Bahni, sasedanipun Pangeran Tumênggung Gagak Bahni, kagêntosan ingkang putra, anama Pangeran Pajang, inggih namung nama adipati kemawon. Dadi sing jênêng sultan ana ing Pajang <35> mung siji. Inggih namung sêtunggil. Panêmbahan Senapati apa nganti jumênêng ratu ana ing tanah Mêtaram. Botên, namung kasêbut nama panêmbahan kemawon, nanging pênguwasanipun sampun prasasat ratu. Rusake kêraton ing Pajang dhèk taun apa. Risakipun kala ing taun 1540. Dadi umure kêraton ing Pajang mung 43 taun. Inggih mêkatên. Apa kang dadi jalaran rusake kêraton ing Pajang.

--- 19 ---

Cêriyosipun mêkatên, Panêmbahan Senapati wau èngêt dhatêng riwayatipun Sunan Giri, benjing têdhakipun Kyai Agêng Mêtawis wontên sêtunggil ingkang badhe angêpêl tanah Jawi, anuntên Panêmbahan Senapati anyuwun idin dhumatêng Sunan Giri anggènipun badhe jumênêng ratu. Mêngko dhisik, aku nyêlani takon ing kowe, sing jênêng Kyai Agêng Mêtaram iku sapa. Inggih punika Kyai Agêng Pêmanahan, ingkang rama Panêmbahan Senapati. Uwis, tutugna cêritamu. Inggih, sarêng Panêmbahan Senapati nuwun idin badhe bumênêngjumênêng (dan di tempat lain). ratu, Sunan Giri gadhah pitêdah, Panêmbahan Senapati kapurih anênêlukna tanah bang wetan rumiyin, Panêmbahan Senapati angèstokakên, lajêng anglurug dhumatêng tanah bang wetan, saha kathah anggènipun anênêlukakên. <36> Mêngko dhisik, aku anyêlani takon ing kowe, apa têgêse bang, aku kêrêp bae ngrungu wong cêcaturan, ngarani bang wetan utawa bang kulon, nanging aku ora sumurup têgêse. Sawêg wulangipun guru kula, wêtahipun têmbung bang punika imbang, têgêsipun imbang: pinggir utawi timbang, mênawi katunggilakên akalihan têmbung wetan utawi kilèn, anggadhahi makna pinggir, dados bang wetan wau têgêsipun pinggir wetan. Yagene têmbung iku nganggo dipêgat mêngkono, apa ora bêcik diwutuhake bae. Lêrêsipun inggih prayogi kawêtahakên kemawon, ananging sarèhning kêlantur kangge ing kathah, dados lêrês wau kawon dening kêlimrahan, mênggah sakathahing têmbung Jawi ingkang ical aksaranipun ngajêng, para pujôngga amastani têmbung wancah, botên têmbung pêgat. Apa sakehing têmbung Jawa kêna diwancah. Kengengipun mêkatên inggih kenging nanging botên têrtamtu kangge sêdaya, kados ta kathah kawancah dados thah, tatas dados tas, sapênunggilanipun ingkang botên limrah, punika botên kenging. Uwis, tutugna cêritamu. Sarêng tanah bang wetan sampun kathah ingkang nungkul dhumatêng Panêmbahan Senapati, lajêng tanah bawahipun kêraton ing Pajang sami katêlukakên, punika ingkang andadosakên risakipun kêraton ing Pajang. Sedane Panêmbahan Senapati dhèk <37> taun apa. Èngêt kula kala ing taun 1553. Sing anggêntèni sapa. Ingkang anggêntosi putranipun, anama Panêmbahan Krapyak. Panêmbahan Krapyak mau pira lawase olèhe jumênêng. Èngêt kula lamine angsalipun jumênêng namung sêwêlas utawi kalih wêlas taun, awit sedanipun kala ing taun 1565. Sapa sing anggêntèni Panêmbahan Krapyak. Ingkang anggêntosi putranipun, anama Kangjêng Sultan Agung. Olèhe anggênteni kang rama dhèk taun apa. Inggih kala ing taun 1565 wau. Sing jênêng Kangjêng Sultan Kêrta iku sapa.

--- 20 ---

Inggih punika Kangjêng Sultan Agung. Sabab dening apa kasêbut jênêng Kangjêng Sultan Kêrta. Amêrgi angsalipun akêdhaton wontên ing Kêrta. Tuturing wong ing Kêrta iku ora ana pêtilasaning kêdhaton. Inggih botên wontên. Ing Kêrta wau sampun wiwit dipun yasani kêdhaton, nanging dèrèng ngantos rampung, kêsêlak Kangjêng Sultan Agung seda. Sedane Kangjêng Sultan Agung dhèk taun apa. Sedanipun kala ing taun 1578, kagêntosan ingkang putra, anama Kangjêng Susuhunan Mangkurat, akêdhaton wontên ing Pêlèrèd. Kang diarani Kutha Gêdhe iku ngêndi. Ingkang nama Kitha Agêng punika botên têbih saking nêgari ing Ngayogya, inggih punika ingkang minôngka kêdhatonipun Kyai Agêng Pêmanahan, akalihan Panêmbahan Senapati, punapadene Panêmbahan Krapyak. Kang diarani kutha Bacingah <38> iku ngêndi. Inggih Kitha Agêng, inggih kitha Bacingah. Dhèk panjênêngane Kangjêng Susuhunan Mangkurat ing Pêlèrèd apa ora ana pêrang. Wontên. Apa iku sing diarani pêrang Pacina. Dede, pêrang Pacina mêkatên kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping kalih ingkang akêdhaton ing Kêrtasura, kala panjênênganipun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ing Pêlèrèd wau mêngsahipun pêrang anama Trunajaya. Dhèk taun apa anane pêrang iku. Wontênipun pêrang punika kala ing taun 1600, Kangjêng Susuhunan Mangkurat ngantos kèngsêr dhumatêng ing Têgil. Ingkang andhèrèk putranipun kêkalih, sêtunggil Kangjêng Pangeran Adipati, kalih Kangjêng Pangeran Pugêr. Trunajaya iku wong apa. Pawêrtosipun tiyang Madura. Kutha ing Pêlèrèd apa kongsi karêbut manèh marang Kangjêng Susuhunan Mangkurat. Inggih ngantos karêbat malih, mênggah cêriyosing pangrêbatipun mêkatên. Sarêng Kangjêng Susuhunan Mangkurat sampun wontên ing Têgil, ingkang putra Kangjêng Pangeran Pugêr wau kautus wangsul, andikakakên ngrêbat kitha ing Pêlèrèd, lampahipun Kangjêng Pangeran Pugêr angsal damêl, kitha ing Pêlèrèd kenging karêbat, ananging lajêng kapêndhêt piyambak, saha jumênêng ratu, anama Susuhunan Ngalaga. Kangjêng Susuhunan Mangkurat mau apa ora kondur <39> mênyang Pêlèrèd. Botên, awit lajêng seda wontên ing Têgil. Sedane dhèk taun apa. Sedanipun kala ing taun 1601. Layone dipêtak ana ngêndi. Inggih kasarèkakên wontên ing Têgil. Kang kasêbut aran Kangjêng Susuhunan Têgal Arum iku sapa. Inggih punika Kangjêng Susuhunan Mangkurat wau, malah inggih kasêbut nama Kangjêng Susuhunan Mangkurat Agung, mila kasêbut nama Kangjêng Susuhunan Têgal Arum, awit kasarèkakên wontên ing Têgil. Barêng jumênênge Kangjêng Pangeran Pugêr

--- 21 ---

ana ing Pêlèrèd, kang Raka Pangeran Adipati mau apa ora kondur. Inggih kondur, lajêng jumênêng ratu, ananging mawi dipun pitulungi ing bôngsa Wêlandi. Olèhe jumênêng ratu iku anggêntèni kang rayi, apa kang rayi isih kalulusake bumênêng ratu. Jumênêngipun punika anggêntosi kang rayi, Kangjêng Susuhunan Ngalaga kalungsur panjênênganipun dhumatêng bôngsa Wêlandi. Sabab dening apa bôngsa Wêlônda mau mrêduli bab panjênênganing ratu ing tanah Jawa. Amêrgi dipun têdhani pitulung dhumatêng Kangjêng Pangeran Adipati wau. Jumênênge Ratu Kangjêng Pangeran Adipati, agêntènianggêntèni. ingkang rama, dhèk taun apa. Jumênêngipun têksih salêbêting taun 1601, anama Kangjêng Susuhunan <40> Mangkurat, sarêng ing taun 1603, ngalih akadhaton wontên ing Kêrtasura. panjênêngane Kangjêng Susuhunan Mangkurat apa nganti lawas. Èngêt kula panjênênganipun 25 taun, awit sedanipun kala ing taun 1627, kagêntosan ikang putra, anama Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas. Apa Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas iku kang kasêbut rusuh sêrta siya-siya ambêke. Inggih, saking sangêting rêsah sêrta pênganiayanipun ingkang paman Kangjêng Pangeran Pugêr ngantos lolos saking nêgari tindak dhumatêng ing Sêmawis. Lolose dhèk taun apa. Lolosipun kala ing taun 1628, ingkang angrojongi Pangeran Cakraningrat ing Madura, kalih adipati ing Surapringga, tiga adipati ing Sêmawis. Apa kang dadi kêrsane lolos mênyang Sêmarang iku. Kêrsanipun lolos wau badhe anêdha pitulung dhumatêng bôngsa Wêlandi, anglungsur panjênênganipun ingkang putra nak-sanak, amêrgi saking rêsahing tindakipun, sêrta anêdha anggêntosi ingkang putra wau. Bôngsa Wêlônda apa têtulung marang Kangjêng Pangeran Pugêr. Inggih, malah Kangjêng Pangeran Pugêr têksih wontên ing Sêmawis sampun kaangkat dados ratu, anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sêpisan. Sawuse dijunjung dadi ratu, banjure kêpriye. Sasampunipun kaangkat dados ratu, nêgari ing Kêrtasura lajêng kabêdhah dhumatêng Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 1 wau, mawi dipun <41> bêbaluhi ing bôngsa Wêlandi, anuntên Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas kabucal dhumatêng Selong. Bêdhahe ing Kêrtasura dhèk taun apa. Bêdhahipun ing Kêrtasura kala ing taun 1630. Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas mau apa nganti kondur manèh mênyang tanah Jawa. Botên, lajêng seda wontên ing Selong. Sedane Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 1 dhèk taun apa. Sedanipun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 1 kala ing taun 1642, kagêntosan ingkang putra, anama Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat, sarêng ing taun 1651, Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat [Mang...]

--- 22 ---

[...kurat] wau seda, kagêntosan ingkang putra anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping kalih. Tuturmu mau anane pêrang Pacina dhèk Pakubuwana ping loro. Inggih, ingkang badhe kula cêriyosakên inggih punika, sarêng ing taun 1667, nêgari ing Kêrtasura kabêdhah dhumatêng Susuhunan Kuning, akanthi bôngsa Cina. Susuhunan Kuning iku putrane sapa. Èngêt kula, putranipun Pangeran Têpasana, wayahipun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas ingkang Kaselong wau, sabêdhahipun nêgari ing Kêrtasura, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 wau lolos dhumatêng Pranaragi, sarêng ing taun 1668, kondur saking Pranaragi, jumênêng malih wontên ing Kêrtasura, ingkang nama Susuhunan Kuning wau kacêpêng, lajêng kabucal dhumatêng Selong. Pêngalihe <42> Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 akêdhaton ing Surakêrta dhèk taun apa. Kala ing taun 1670, sarêng ing taun 1673 Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi lolos saking nêgari, lajêng ngraman. Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi iku kapêrnah apa karo Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ping 2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi punika ingkang rayi, sarêng ing taun 1675, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 asèlèh kêprabon dhumatêng ingkang putra Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3, botên antawis lami lajêng seda. Sing diarani kangjêng susuhunan sumare ing Lawiyan iku sapa. Ingkang dipun wêstani kangjêng susuhunan sumare ing Langkungan, inggih punika Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2, mila kasêbut nama mêkatên, awit kasarèkakên wontên ing Langkungan. Kêpriye banjure mungguh pêngramane Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi mau. Sasedanipun ingkang raka, Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi têksih anglajêngakên anggènipun ngraman. Kêrsa kèndêl anggènipun adamêl rêrêsah, mênawi kaparingan sêpalihipun pulo Jawi sêrta nama sultan. Sarèhning Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3 namung anggalih têntrêming nêgari, sampun ngantos kêlajêng risaking kagunganipun pasitèn. Amarêngi ingkang dados pênyuwunipun Kangjêng Pangeran Arya <43> Mangkubumi wau, tanah Jawi lajêng kapalih, ingkang sêpalih kaparingakên dhumatêng ingkang paman. Pêmarone tanah Jawa dhèk taun apa. Pêmalihipun kala ing taun 1682, sarêng Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi sampun anampèni sêpalihipun tanah Jawi, lajêng bumênêng sultan wontên nêgari ing Nyayogyakêrta, anama Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 1. Sing yasa kêdhaton ing Nyayogyakêrta kang saiki sapa. Ingkang yasa Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 1 wau. Sing diarani Sultan Mangkubumi iku sapa. Inggih punika Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 1. Panjênêngane Kangjêng

--- 23 ---

Susuhunan Pakubuwana ping 3 apa lawas. Panjênênganipun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3 èngêt kula dumugi wêkasanipun ing taun 1714, anuntên ing taun 1715 kagêntosan dhumatêng ingkang putra, anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4. Apa kowe sumurup taune dhèk sedane Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana ping 1. Sumêrêp, sedanipun kala ing taun 1718, kagêntosan ingkang putra anama Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 2. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara ping 1 kang lolos saka ing nêgara, iku sapa. Punika wayahipun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat, kapundhut mantu dhumatêng Kangjêng Sultan Hamêngku <44> Buwana kaping 1. Sing pêputra Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara mau sapa. Ingkang pêputra Kangjêng Pangeran Arya Mangkunêgara ing Kêrtasura. Sedane Kangjêng Pangeran Arya Mangkunêgara ping 1 dhèk taun apa. Sedanipun kala ing taun 1722, kagêntosan ingkang wayah Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara kaping 2. Sing diarani Kangjêng Sultan Sêpuh iku sapa. Ingkang dipun sêbut nama Kangjêng Sultan Sêpuh, punika inggih Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 2, sakonduripun saking sabrang dhumatêng nêgari ing Nyayogya anama kangjêng sultan sêpuh. Apa iya iku sing kasêbut aran Kangjêng Sultan Kendhang. Inggih. Kalane kendhang mênyang sabrang dhèk taun apa. Kendhangipun dhatêng sabrang kala ing taun 1739, kagêntosan ingkang putra Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 3, sarêng ing taun 1741 Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 3 wau seda, kagêntosan ingkang putra, anama Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 4. Panjênêngane Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ping 4 apa lawas. Panjênênganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sêkawan 31 taun. Sedane dhèk taun apa. Sedanipun kala ing taun 1747, kagêntosan ingkang putra Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5. Sedane Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana ping 4 dhèk taun apa. <45> Sedanipun kala ing taun 1750, kagêntosan ingkang putra Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 5, ingkang jumênêng ing sapunika. Dhèk lolose Kangjêng Pangeran Arya Dipanêgara saka ing Nyayogyakêrta banjur ngraman, sapa kang jumênêng sultan. Kala lolosipun Kangjêng Pangeran Arya Dipanêgara saking nêgari ing Nyayogyakêrta, ingkang jumênêng Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 5 nanging kala sêmantên têksih timur. Kangjêng Pangeran Arya Dipanêgara mau putrane sapa. Putranipun Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 3. Panjênêngane Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5 apa lawas kaya kang rama.

--- 24 ---

Panjênênganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5, namung tigang taun. Sedane dhèk taun apa. Sedanipun kala wêkasanipun ing taun 1750, sarêng ing taun 1751, kagêntosan ingkang putra Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6, dumugi ing taun 1757, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6, kendhang dhumatêng Ambon, kagêntosan ingkang paman Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 7. Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 7, iku putrane sapa. Putranipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, kala dèrèng jumênêng anama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purabaya. Sedane Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara ping 2 dhèk taun apa. Kala ing taun 1762, kagêntosan ingkang wayah, anama Kangjêng Pangeran Adipati <46> Arya Mangkunêgara kaping 3. Cêritamu iku kabèh apa kêna dak pêsthèkake bênêre. Pêngraosing manah kula: mênawi uruting gancar kenging sampeyan pêsthèkakên lêrêsipun, ananging mênggah sangkalanipun ing taun, ingkang sampun kula pratelakakên wau, punika asring wontên ingkang sulaya, kados ta adêgipun kêraton ing Dêmak, wontên ingkang mêstani ing taun 1400, suwênèh mêstani ing taun 1403, kados atur kula wau, sampun kathah anggèn kula ningali sêrat sangkalanipun ing pulo Jawi, awit saking Aji Saka, ingkang sami sulaya utawi botên gathuk. Iku sabab dening apa. Sawêg pêndugining manah kula, namung saking sêmbrananipun ingkang nyêrat, utawi ingkang nêdhak. Amêrgi tiyang Jawi punika mênawi nêdhak sêrat, asring purun angewahi ungêl-ungêlanipun. Yagene têka nganggo diowahi. Pêngraosipun ingkang nêdhak, babonipun lêpat, mila sêrat Jawi punika kathah ingkang botên cocog. Yèn wong bisa ngowahi layang, amêsthi dhèngêr bênêr luputing unèn-unène. Ingkang lêrês inggih mêkatên, ananging pêmanah kula anggènipun gumampil angewahi wau botên waton sumêrêp, namung wontên dugi-dugi kemawon, kados ta têmbung paduka asring dipun owahi dados panduka, rema dados rikma, rota danawa dados rata danawa. Apa bedane rema karo rikma. Ing sasumêrêp kula <47> sanès sangêt, têgêsipun rema: rambut, têgêsipun rikma êmas. Mungguh rota lan rata, apa bedane. Wulangipun guru kula rota têgêsipun galak, rata têgêsipun kêreta. Dadi rota danawa iku têgêse buta galak. Inggih mêkatên, punika sampeyan galih piyambak, angsalipun botên dhawah ing lêpat kadospundi, mungêl danawa galak dipun ewahi dados kareta danawa. Yèn wong durung êntèk sumurupe marang têmbung [tê...]

--- 25 ---

[...mbung] Kawi utawa têmbung Jawa, samôngsa dikon nurun layang, bênêre nurut saunining babon. Lêrêsipun inggih mêkatên, nanging kathah-kathahipun botên. Wondening têtiyang ingkang asring purun mêmaoni, utawi ngêngewahi, punika ingkang tanggêl sumêrêpipun dhatêng Kawi tuwin Jawi.

26. over de verschillende Pradjoerits van den Vorst van Soerakarta

Apa kowe sumurup pratelane prajurit dalêm kang bêlanjan lan kang sawahan. Sumêrêp. Mara pratelakna kang aran prajurit bêlanjan. Ingkang nama prajurit bêlanjan, 1. tamtama, 2. kawandasa cêmêng anirwèsthi, <48> 3. kawandasa cêmêng anirpringga, 4. kawandasa abrit anirmala, 5. kawandasa abrit anirwikara, 6. macanan anirbraja, 7. jayèngastra, 8. dorapati, 9. talangpati, 10. jagapura, 11. jagapraja, 12. prawirèng, 13. carangan, 14. udan-udanan. Apa têgêse tamtama. Têgêsipun tamtama: sampun utama. Apa gawene prajurit tamtama, gêgamane apa lan kèhe pira. Damêlipun rumêksa kêdhaton, patênggakanipun wontên ing srimênganti êlèr, bangsal ingkang wetan, dêdamêlipun sênjata, waos, kêstul, pêdhang, kathahipun 125, kêlêbêt mayor upsir tambur sulingipun. Wiwite ana prajurit tamtama dhèk apa. Wiwitipun wontên prajurit tamtama kala kêraton ing Dêmak. Apa têgêse patang puluh irêng anirwèsthi. Mila nama kawandasa cêmêng, ingkang wau cacahipun kawan dasa, rasukanipun cêmêng, têgêsipun anirwèsthi: tanpa kuwatos. Apa gawehane prajurit patang puluh irêng anirwesthi iku, apa gêgamane lan pira cacahe. Damêlipun jagi pagêlaran êlèr bangsal ingkang kilèn kalih jagi pêngkêran, dêdamêlipun sênjata, kathahipun 125, kêlêbêt mayor upsir tambur sulingipun. Sapa sing yasa prajurit patang puluh irêng anirwèsthi iku. Ingkang yasa panjênênganipun Sinuhun Pakubuwana kaping 3. Apa têgêse patangpuluh irêng anirpringga. <49> Têgêsipun anirpringga: tanpa pakèwêd. Mênggah barangipun prajurit kawandasa cêmêng anirpringga, sami akalihan prajurit kawandasa cêmêng anirwèsthi wau. Apa têgêse patangpuluh abang anirmala, apa gawene, apa gêgamane lan pira cacahe. Mila nama kawandasa abrit, ingkang wau cacahipun namung 40, rasukanipun abrit, têgêsipun nirmala: tanpa mêmala, utawi tan kenging ing tatu, damêlipun jagi pagêlaran êlèr bangsal ingkang wetan, kalih jagi [ja...]

--- 26 ---

[...gi] pêngkêran. Sapa sing yasa prajurit patangpuluh abang anirmala iku. Ingkang yasa inggih Sinuhun Pakubuwana kaping 3. Apa têgêse patangpuluh abang anirwikara iku. Têgêsipun anirwikara: tanpa sumêlang, utawi tanpa rêringa, mênggah barangipun prajurit kawandasa abrit anirwikara, sami akalihan prajurit kawandasa abrit anirmala wau, sarêng panjênênganipun Sinuhun Pakubuwana kaping 4, prajurit kawandasa cêmêng akalihan kawandasa abrit wau, ing samayor-samayoripun kanamanan piyambak-piyambak. Samayor anirwèsthi, samayor malih anirpringga, samayor malih anirmala, samayor malih anirwikara. Apa têgêse macanan anirbraja, apa gawene, apa gêgamane lan pira cacahe. Têgêsipun anirbraja: botên pasah ing lêlandhêp, punika prajurit kêraton, damêlipun jagi pêngkêran, dêdamêlipun sênjata, kathahipun 125, kêlêbêt <50> mayor upsir tambur sulingipun. Apa têgêse jayèngastra. Têgêsipun jayèngastra: mênang kalawan jêmparing, punika prajurit kêraton, yasanipun Sinuhun Pakubuwana kaping 4, dêdamêlipun sênjata sêdaya, kathahipun 125, kalêbêt mayor, upsir, tambur sulingipun, damêlipun jagi srimênganti kidul. Apa têgêse dorapati. Têgêsipun dorapati: botên kenging pêjah, punika prajurit kêraton yasanipun Sinuhun Pakubuwana kaping 3, dêdamêlipun waos sêdaya, kathahipun 120, kêlêbêt mayor upsiripun, damêlipun anjajari putri ing kêdhaton, utawi mênawi wontên pêngantèn ingkang nama putra sêntana dalêm. Apa têgêse talangpati. Têgêsipun talangpati: tadhahing pati, dêdamêlipun pêdhang sêdaya, kathahipun 125, kêlêbêt mayor upsir sêlomprètipun, damêlipun jagi mêriyêm. Apa têgêse jagapura. Têgêsipun jagapura: rumêksa kêdhaton, dêdamêlipun sênjata, kathahipun 125, kêlêbêt mayor upsir tambur sulingipun, damêlipun sami akalihan prajurit kawandasa wau, prajurit jagapura wau yasanipun Sinuhun Pakubuwana kaping 6. Apa têgêse jagapraja. Têgêsipun jagapraja: rumêksa nêgari, punika inggih yasanipun Sinuhun Pakubuwana kaping 6, mênggah dêdamêl pêdamêlan utawi kathahipun sami akalihan <51> prajurit jagapura wau. Apa têgêse prawirèng. Têgêsipun prawirèng: prawira digdaya, dêdamêlipun sênjata akalihan waos. KathahipurKathahipun. 50, damêlipun ambêksa rêrakitan. Ananging ing sapunika sampun botên wontên. Apa têgêse carangan. Têgêsipun carangan, êpang, inggih punika tamtama ing kadipatèn, yasanipun Sinuhun Pakubuwana

--- 27 ---

kaping 3, dêdamêlipun pêdhang akalihan kêstul, kathahipun 125, kêlêbêt mayor upsir tambur sulingipun, damêlipun jagi srimênganti kidul. Apa têgêse udan-udanan. Punika namung kabêkta saking wiwitan namanipun, kados ta nama udan sanyata, udan minangsi, ing saurutipun nama wiwitan udan sêdaya, dêdamêlipun sênjata, kathahipun 125, kêlêbêt mayor upsir tambur sulingipun. Damêlipun jagi kêmandhungan, sawetaning pêjagènipun prajurit lêgundêr. Apa ora ana manèh prajurit bêlanjan. Sasumêrêp kula botên wontên malih. Saiki aku arêp sumurup kang aran prajurit sawahan, mara pratelakna. Prajurit Kasunanan ingkang sabinan, wiwit kêratonipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung ing Mêtawis, kanamanan kaparak kiwa, kaparak têngên, 1. saragêni, 2. nirbaya, 3. brajanala, <52> 4. wisamarta, 5. sangkragnyana, 6. kanoman, 7. martalulut, 8. singanêgara, 9. priyantaka, 10. sarasêja, 11. nyutra, 12. maudara, 13. mandhung, 14. miji pinilih, 15. tanuastra, 16. nrangbaya, 17. miji pinilih lêbêt. Apa têgêse saragêni. Têgêsipun saragêni: dêdamêl latu, kathahipun 54, damêlipun mênawi ingkang sinuhun miyos, anjajari wontên ing ngajêng sabanderanipun, sami anyêpêng sênjata. Apa têgêse nirbaya. Têgêsipun nirbaya: tanpa mêmaras utawi tanpa pakèwêd, damêlipun nyêpêng tiyang, ing sapunika tanpa dêdamêl, kathahipun 44. Apa têgêse brajanala. Têgêsipun brajanala: manah landhêp. Damêlipun rumêksa kori gapit êlèr utawi kidul, ing sapunika tanpa dêdamêl, kathahipun 22. Apa têgêse wisamarta. Têgêsipun wisamarta: nyirêp upas, damêlipun rumêksa kori gapit êlèr utawi kidul, ing sapunika tanpa dêdamêl, kathahipun 22. Apa têgêse sangkragnyana. Têgêsipun sangkragnyana: sangêt prayatna, damêlipun rumêksa kori srimênganti êlèr utawi srimênganti kidul, dêdamêlipun lamêng akalihan tamèng, kathahipun 22. Apa têgêse kanoman. Têgêsipun kanoman, kapilihan ingkang anèm-anèm, damêlipun rumêksa kori têngah, dêdamêlipun towok akalihan tamèng, kathahipun 34. Apa têgêse <53> martalulut. Têgêsipun martalulut asih ing adil, damêlipun anêlasi tiyang dosa pêjah ingkang sampun kinisas ing khukum, tinuwêk ing dhuwung, pêdhang utawi waos. Priyantun martalulut wau botên mawi dêdamêl, kathahipun 15 golongan kêparak têngên. Apa têgêse singanêgara. Têgêsipun singanêgara: simaning nêgari, damêlipun [damêli...]

--- 28 ---

[...pun] angêthok guluning tiyang, ingkang sampun kinisas ing khukum, utawi anjonjang tangan tuwin suku, kathahipun 14 golongan kêparak kiwa. Sing digawe gêgaman angêthok gulu, anjonjang tangan tuwin sikil apa. Ingkang kadamêl ngêthok gulu, utawi anjonjang tangan tuwin suku, pêdhang. Ing saiki apa isih ana paukuman jonjang. Ing sapunika sampun botên wontên, icalipun èngêt kula kala alamipun Guprêmèn Enggris. Apa têgêse priyantaka. Têgêsipun priyantaka: lêlananging pati, damêlipun ngampil upacara dalêm, bawat sapênunggilanipun, kathahipun 34. Apa têgêse sarasêja. Têgêsipun sarasêja: ngajêngakên lêlandhêp. Damêlipun rumêksa kori sakiduling pamagangan. Ing sapunika tanpa dêdamêl, kathahipun 44. Apa têgêse nyutra. Têgêsing nama punika namung kabêkta saking prabotipun, prabotipun sarwa sutra, damêlipun mênawi ingkang sinuhun miyos, anjajari kiwa têngên, dêdamêlipun jêmparing <54> sêdaya kathahipun 24. Apa têgêse maudara. Têgêsipun maudara: rumêksa ing gusti, suwêneh pujôngga amêstani têgêsipun udara: awang-awang, maudara: dhatêng awang-awang. Mungguh kowe dhewe kêpriye. Kula punika tiyang dede pujôngga, Kawi malih yèn sumêrêpa, Jawi kemawon dèrèng nêlas, nanging yèn kula condhongakên akalihan sêrat Côndrasêngkala, utawi têmbung Kawi ingkang sampun kula sumêrêpi, maudara wau kenging dipun têgêsi rakêt, dèrèng eca yèn katêgêsan rumêksa ing gusti. Kêpriye dene kotêgêsi mêngkono. Mila kula têgêsi mêkatên, awit ing Côndrasêngkala wontên ingkang mungêl dhara, têgêsipun wêtêng, Kawinipun wêtêng inggih dhara, bokmênawi lêrêsipun ingkang wau udhara, kêlantur dados udara, katêlahipun ing basa malih dados dhara, dados saudhara wau pinanggihing pêmanah kula têgêsipun sawêtêng, utawi tunggil sawêtêng, mila wontên têmbung saudara, utawi sudara, têgêsipun sêdhèrèk, dados prajurit maudara, ingkang kula pratelakakên wau, têgêsipun prajurit rakêt, amrasasati sêdhèrèk. Yèn dak condhongake karo kramaning wêtêng, pêngrasaku bênêr kowe. Kula sumôngga ing pênggalih sampeyan. Kramaning wêtêng apa ora pêdhaharan. Inggih, nanging punika krama inggil. Kiraku iya bênêr kowe, liruning dha dadi da, mênawa <55> saka ing kêlanture bae. Kados inggih mêkatên. Apa têgêse mandhung. Têgêsipun mandhung: tiyang mina. Prajurit mandhung punika kathahipun 11, tanpa dêdamêl. Damêlipun rumêksa kori kêmandhungan. Apa têgêse miji pinilih. Têgêsipun miji pinilih: [pini...]

--- 29 ---

[...lih:] misah pinilih, utawi macung pinilih, damêlipun nabuh jam agêng, kathahipun 22. Apa têgêse tanuastra. Têgêsipun tanuastra: botên kenging ing jêmparing, patênggakanipun ing kori srimênganti kidul. Ing sapunika tanpa dêdamêl, kathahipun 11. Apa têgêse nrangbaya. Têgêsipun nrangbaya: nêrajang pêkèwêd, prajurit nrangbaya, utawi nrangpringga, ing sapunika sampun botên wontên. Apa têgêse miji pinilih lêbêt. Wau sampun kula têgêsi, punika ingkang wau pêthilan saking prajurit sabinan, kapêndhêtan ingkang sami sabinipun nigang jung, kauworakên kalihan tamtama carangan. Pamêthilipun kala panjênênganipun Sinuhun Pakubuwana kaping 4, sapriki têksih, dêdamêlipun sênjata waos sulam, kêstul, pêdhang, kathahipun 125, kêlêbêt mayor upsir sêlomprètipun.

27. over de rechtspleging te Soerakarta. Vrg. de verhandelingen van den Heer Winter: Rechtspleging over de onderdanen van Z.H. den Soesoehoenan van Soerakarta, in het Tijdschrift voor Neêrlands Indië, 6de Jaargang, 1ste deel, bl. 99 vlgg.

<56> Apa kowe sumurup laku-lakune wong kang padha anjaluk bênêr marang panggonan pêngadilan khukum ing nêgara Surakêrta. Sumêrêp. Kowe iku barang-barang sumurup. Tiyang gêsang mêkatên, anggêripun tabêri têtakèn, inggih kathah sumêrêpipun. Pira kèhing panggonan pêngadilan ing Surakêrta. Tiga. Apa arane siji-sijine, lan ing êndi panggonane. 1. ing surambi, 2. ing balemangu, 3. ing pradata, surambi panggenanipun ing mêsjid Agêng, balemangu ing kêpatihan, pradata salèripun kori mêsjid Agêng. Sapa kang dadi panggêdhene pêngadilan siji-sijine. Pêngagêngipun ing surambi mas pêngulu, pêngagêngipun ing pradata wêdana jêksa, pêngagêngipun ing balemangu kangjêng radèn adipati. Sapa kancane angrêmbuk prêkara. kangjêng radèn adipati akanthi wêdana wolu, akalihan jêksa nêgari, mantri sêdasa, wêdana jêksa akanthi jêksanipun wêdana wolu, sêrta jêksa pradata, mas pêngulu akanthi kêtib akalihan ngulami. Sing digawe kêrampungan waton apa. Ing balemangu waton sêrat Anggêr Agêng, akalihan sêrat Anggêr Sêdasa, ing pradata waton <57> nawala pradata, ing surambi waton kitab. Sêrat Anggêr Agêng wau inggih kadamêl waton ing pradata. Ing pradata ngrampungi prêkara apa. Bab sambut-sinambut sapênunggilanipun, ingkang lêlawanan Jawi sami Jawi. Ing balemangu angrampungi prêkara apa. Bab prêkawis siti dhusun, akalihan

--- 30 ---

ingkang lêlawanan bôngsa kulit pêthak. Ing surambi angrampungi prêkara apa. Bab salaki rabi, bab waris sêrta khukum kisas. Dina apa pêsebane pêngadilan têtêlu mau. Ing pradata, akalihan ing surambi, Sênèn akalihan Kêmis, ing balemangu Rêbo akalihan Sêptu. Kêpriye mungguh undha-usuking pêngadilan têtêlu mau. Ing surambi, ing balemangu, ing pradata. Wong said pote pirang dina. Kawan dasa dintên. Said iku wêrna pira. Wêrni kalih, said wara, akalihan said tata. Said wara punika, yèn botên amêstani durjananipun, said tata, yèn amêstani durjananipun. Yèn wong uwis said, olèh apa. Angsal sêrat pisaid wara, utawi pisaid tata. Yèn kasèp olèhe said, didhawuhi apa. Mênawi bab amal, botên kêtampèn. Yèn bab rajatatu utawi rajapêjah, kapatrapan dhêndha. Kêpriye lakuning pisaid. Yèn ing nêgari dhatêng lurahipun, lurah anglajêngakên dhatêng jêksa, katuripun ing pradata, yèn ing dhusun dhatêng mônca sêkawan mônca gangsal, lajêng dhatêng rêdi tumuntên dhatêng lurah tabehn,tabean. <58> punika ingkang angirid dhatêng lurahipun. Wong ing nêgara yèn arêp anggugat mênyang sapa jujuge. Dhatêng lurahipun, kabêkta dhatêng jêksa, kalajêngakên dhatêng pradata. Wong anggugat nganggo layang, apa ijoan bae. Kenging kalih pisan. Yèn kang anggugat lan kang ginugat wis padha seba ing pradata, kêpriye pratingkahe mêriksani. Ingkang anggugat kadhawahan lumêbêt ing kêndhêng, sasampuning ngaturakên prêkawisipun, lajêng kaugêran, mêkatên ugi ingkang ginugat. Yèn sing anggugat ora têka, kêpriye. Yèn ngantos tigang pratikêl, prêkawisipun kadamêl ebra. Yèn kang ginugat ora têka kêpriye. Yèn ngantos tigang pratikêl, jêksanipun kapatrapan dhêndha, mênawi botên dhatêng ing tigang pratikêl malih, kasuwak pêsowanipun. Yèn kang anggugat morod kêpriye. Yèn morod prêkawisipun kadamêl ebra, ingkang ginugat kacêpêngan sêrat ebra. Yèn kang ginugat oncat kêpriye. Yèn oncat sajawining sêrêgan, botên katêmpah ing lurah bêkêlipun. Mênawi minggat salêbêting sêrêgan, jêksanipun kacêpêngan sêrat buran, katêmpah angupadosi. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara apa kagungan panggonan pêngadilan. Kagungan, panggenanipun salêbêting cêpuri, kaprênah <59> sakilèning regol dalêmipun. Prêkara apa kang dirampungi ing kono. Prêkawis ingkang lêlawanan sami abdinipun piyambak. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara apa wênang ngêtrapake paukuman kisas [kisa...]

--- 31 ---

[...s] utawa pasah. Botên. Kêpriye yèn ana abdine kang anglakoni rajapati. Mênawi botên kenging dipun pirukun, kaaturakên ing kangjêng tuwan residhèn. Kangjêng tuwan residhèn lajêng amasrahakên dhumatêng Kangjêng Residhèn Adipati, kainggahakên ing surambi. Kêpriye pamasahe wong salaki rabi abdi ing Kamangkunêgaran. Ingkang masah mas pêngulu. Apa kêna pêrkara dirapungi kêlawan pirukun. Kenging. Apa sarupaning prêkara kêna dirampungi kêlawan pirukun. Wontên ingkang botên kenging, kados ta prêkawis sri sakit rajapêjahipun bôngsa kulit pêthak, utawi ingkang lêlawanan bawahipun kangjêng guprêmèn, punika sami botên kenging dipun pirukun. Kêpriye mênawa ana wong anggugat Wêlônda, Cina, utawa padha Jawa, dipakewuh ing lurah utawa ing bêbênêran. Tiyang ingkang dipun pakèwêd kenging sowan ing kangjêng tuwan residhèn. Wong duwe prêkara arêp anggugat, apa kêna wakil. Kenging. Apa sarupaning wong kang duwe prêkara arêp anggugat kêna wakil. Botên wontên <60> watêsipun priyantun ingkang kenging wakil. Watês priyayi apa kang kêna wakil. Putra sêntana, wêdana, kêliwon. Liya saking punika botên kenging wakil, kêdah sowan piyambak. Apa kêna sok wonga digawe wakil. Botên, kêdah ingkang mawi songsong lênggah lante. Yèn kang wakil kabênêr supata, apa wakile kêna diimbar. Botên, ingkang kaimbar ingkang gadhah wakil, kalarag dhatêng griyanipun. Yèn wêdana jêksa lara, sapa sulure. Kêliwonipun, akalihan jêksa nêgari. Yèn mas pêngulu lara sapa sulure. Kêtib akalihan ngulami. Yèn Kangjêng Residhèn Adipati gêrah, sapa sulure. Wêdana wolu ing salah sêtunggil, pundi ingkang kakêrsakakên dhatêng ingkang sinuhun. Kêpriye pratingkahe andhawuhake kêrampungan. Pratingkahipun mêkatên, ingkang anggugat akalihan ingkang ginugat sami sowan ing pradata, sêrat kêrampungan kaungêlakên ing jêksa. Sapa kang kêna dadi sêksi. Tiyang jalêr kêkalih utawi sêtunggil, yèn namung sêtunggil, amêsthi kaimbar, tiyang èstri kêkalih, yèn namung prêkawis dandosan. Sapa kang ora kêna dadi sêksi. Sanak sêdhèrèk, kulawarga, sêrta tiyang durjana, tiyang èstri yèn namung sêtunggil, punika sami botên kenging dados sêksi. Kêpriye pratingkahe wong ngimbar. Pratingkahipun mêkatên, pêngulu lênggah majêng <61> ngetan, ingkang badhe kaimbar lênggah majêng ngilèn, sawingkinge ingkang badhe dipun imbar, kêtib sêtunggil ngadêk ngungkuli Kur'an. Paukuman kisas ing Surakêrta wêrna pira. Wêrni kalih, katuwêk akalihan kakêthok. Paukuman

--- 32 ---

kêna disêrantèkake. Kenging. Êndi rupane kang kêna disêrantèkake. Kados ta, yèn tiyang èstri pênuju wawrat, kasêrantosakên salairing lare, mênawi tiyang sakit sangêt utawi ewah, tuwin anyuwun sare ing sêwêtawis. Apa ana sabab kang bisa murungake tibaning paukuman. Wontên, kados ta: tiyang sakit ewah, ingkang sampun antawis botên saged saras. Sapa kang duwe kêrampungan mujangake. Ing pradata akalihan ing surambi. Apa pêkolèhe titir. Pikantukipun, yèn ing nêgari, supados kabainatan ing tôngga têpalih, yèn ing dhusun, supados kasêksèna ing mônca sêkawan mônca gangsal. Yèn wus titir, sêrta kabainatan ing akèh, tuwin katêkan gandhèk, apa nganggo said ing pradata. Mawi. Ing êndi kang ora kêna ngunèkake titir. Salêbêting pagêr siti kêraton. Yèn wus kasêksèn ing môncapat mônca lima, apa nganggo said ing pradata. Mawi. Wong desa yèn kailangan kêbo, sapi, jaran, utawa wêdhus, kêpriye. Mawi angungêlakên gêndhong. Yèn khewan kang ilang mau katêmu <62> ana ing wong liya, apa kêna dijaluk. Kenging, nanging mawi anyukani sarat ingonipun. Kêpriye lakune yèn ana Wêlônda sapêpadhane anggugat marang abdi Kasunanan. Gugatipun katur ing kangjêng tuwan residhèn lajêng kaparingakên ing kangjêng radèn adipati. Kêpriye yèn abdi Kasunanan anggugat marang wong Wêlônda sapêpadhane. Gugatipun katur ing Kangjêng Adipati, lajêng kasaosakên ing kangjêng tuwan residhèn. Sapa kang gawe kêrampungane, yèn Wêlônda anggugat marang abdi Kasunanan. kangjêng radèn adipati utawi mas pêngulu, mawi-mawi prêkawisipun. Yèn abdi Kasunanan anggugat marang Wêlônda utawa Cina, sapa kang angrampungi. kangjêng tuwan residhèn yèn kenging dipun pirukun. Mênawi botên kenging, inggih kapasrahakên dhumatêng kangjêng radèn adipati. Kêpriye lakune, yèn abdi Kêmangkunêgaran anggugat marang abdi Kasunanan.

Gugatipun katur ing tuwan residhèn, lajêng kaparingakên dhumatêng kangjêng radèn adipati. Kêpriye lakune, yèn abdi Kasunanan anggugat marang abdi Kêmangkunêgaran. Gugatipun kaparingakên dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara, mêdal saking kangjêng tuwan residhèn. Kêpriye lakune yèn abdi Kasunanan anggugat marang abdi Kasultanan. Gugatipun kakintunakên dhatêng kangjêng tuwan residhèn ing Ngayogyakêrta, mêdal saking kangjêng tuwan residhèn ing Surakêrta, lajêng kaparingakên dhatêng <63> kangjêng radèn adipati ing Ngayogyakêrta. Kêpriye lakune yèn abdi [a...]

--- 33 ---

[...bdi] Kasultanan anggugat marang abdi Kasunanan. Gugatipun kakintunakên dhatêng kangjêng tuwan residhèn ing Surakêrta, mêdal saking kangjêng tuwan residhèn ing Ngayogyakêrta, lajêng kaparingakên dhatêng kangjêng radèn adipati ing Surakêrta. Kêpriye lakune, yèn abdi Kasultanan anggugat marang abdi Kamangkunêgaran. Gugatipun saking kangjêng tuwan residhèn ing Nyayogyakêrta, kakintunakên dhatêng kangjêng tuwan residhèn ing Surakêrta, lajêng kapasrahakên dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara. Kêpriye lakune yèn abdi Kamangkunêgaran anggugat marang abdi Kasultanan. Gugatipun saking kangjêng tuwan residhèn ing Surakêrta, kakintunakên dhatêng kangjêng tuwan residhèn ing Nyayogyakêrta, lajêng kapasrahakên dhatêng kangjêng radèn adipati ing Nyayogyakêrta. Yèn abdi Kasunanan anglakoni kêdursilan ana bawahing Ngayogya, kacêkêl sakal kêpriye. Lajêng kakintunakên dhatêng Surakêrta, sêrta karampungan wontên ngriki. Yèn ora kacêkêl sakal kêpriye. Kacanthèlakên dhatêng ingkang dipun ungsèni, yèn suka, katêdha, yèn botên suka dipun kèn nanggêl. Yèn abdine kangjêng guprêmèn wong Jawa anglakoni kêduesilan <64> ana bawahing Surakêrta, kacêkêl sakal, kêrampungane ana ing êndi. Wontên ing Surakêrta. Saupama ora kacêkêl sakal, kêpriye. kangjêng tuwan residhèn ing Surakêrta agadhah panêdha dhatêng kangjêng tuwan residhèn ingkang ambawahakên abdinipun kangjêng guprêmèn wau, anyêpêng ingkang anglampahi kêdursilan. Yèn bawahing Surakêrta anglakoni kêdursilan ana ing bawahe kangjêng guprêmèn, kêpriye lakune. Mênawi kacêpêng sakal, inggih karampungan wontên ing bawahipun kangjêng guprêmèn. Yèn abdi Kamangkunêgaran anglakoni kêdursilan ana ing bawahe kangjêng guprêmèn, kacêkêl sakal kêpriye lakune. Inggih karampungan wontên ing bawahipun kangjêng guprêmèn. Yèn ora kacêkêl sakal, kêpriye. Mênawi ngungsi dhatêng bawahing Surakêrta, inggih katêdha saking kangjêng tuwan residhèn kang ambawahakên. Wong kang wus nyêkêl layang buran, bêburone katêmu, kêpriye pratikêle. Inggih lajêng kacêpêng. Saupama mogok, utawa ana kang ngukuhi bêburon mau, kêpriye banjure. Anyuwun pitulung ing parentah.

28. over eenige plechtige boodschappen van den Vorst door de Gandek's

<65> Sing sok andhawuhake timbalan dalêm miyosan utawa wiyosan, iku priyayi apa. Punika priyantun gandhèk. Kêpriye yèn andhawuhake [a...]

--- 34 ---

[...ndhawuhake] timbalan dalêm. Ingkang sampeyan dalêm punika mênawi andhawahakên timbalan dalêm miyosan punapa wiyosan. Iya karo pisan. Mênawi andhawahakên miyosan, mêkatên, Radèn Adipati Sasradiningrat pakênira tômpa timbalan dalêm. Dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan hajat dalêm jatingarang, tingalan wiyosan, sêrta pakênira dongakna dhatêng mas pêngulu, yèn sampun kadonganan, wilujênge panjênêngan dalêm, anuntên pakênira bagea kang wêradin, saabdi dalêm sêdaya. Tingalan dalêm iku wêrna pira. Wêrna tiga, 1. tingalan wiyosan, 2. tingalan wukon, 3. tingalan panjênêngan. Yèn andhawuhake tingalan dalêm wukon kêpriye. Mêkatên, Radèn Adipati Sasradiningrat, pakênira tômpa timbalan dalêm. Dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan hajat dalêm, tingalan dalêm wukon, sêrta pakênira dongakna dhatêng mas pêngulu, yèn sampun kadonganan, wilujênge panjênêngan dalêm anuntên <66> pakênira bagea kang wêradin saabdi dalêm sêdaya. Yèn andhawuhake timbalan dalêm panjênêngan kêpriye. Mêkatên, Radèn Adipati Sasradiningrat, pakênira tômpa timbalan dalêm. Dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan ajat dalêm tumpêng sèwu, tingalan dalêm panjênêngan, sêrta pakênira dongakna dhatêng mas pêngulu, yèn sampun kadonganan, wilujênge panjênêngan dalêm, anuntên pakênira bagea kang wêradin, saabdi dalêm sêdaya. Kêpriye yèn andhawuhake timbalan dalêm adêg-adêgane abdi dalêm priyayi kêliwon. Mêkatên, Radèn Adipati Sasradiningrat, pakênira tômpa timbalan dalêm. Dhawuhing timbalan dalêm, satilaripun abdi dalêm Ngabèi Anu, anakipun ingkang nama Anu, kakêrsakakên kinawulawisudha, kajunjung saking ngandhap, kasêngkakakên ing aluhur, kakêrsakakên anggêntosi lampahanipun Ngabèi Anu, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira dhawuhna, yèn sampun kadhawahakên, pakênira mufakatna saabdi dalêm ing Surakêrta sêdaya. Mênawa putra sêntana kakêrsakake dadi abdi dalêm wêdana utawa kêliwon, kêpriye olèhe andhawuhake. Inggih sami akalihan yèn andhawahakên adêg-adêganipun abdi dalêm priyantun kêliwon. Kaotipun namung botên mawi anyambutakên kinawulawisudha. Yèn gandhèk andhawuhake <67> timbalan dalêm miyos Sênèn Kêmis lan Sêptu, kêpriye. Mêkatên. Tuwan residhèn, ijêngandika kapatêdhan tabe dalêm, ingkang tabe Kangjêng Ratu Pakubuwana, ingkang tabe Kangjêng Ratu Kêncana, ingkang tabe rayi-rayi dalêm, putra dalêm putra putri sêdaya, lan malih tuwan residhèn, ijêngandika kapatêdhan uninga, yèn ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kêrsa miyos. Yèn ingkang Sinuhun [Si...]

--- 35 ---

[...nuhun] ora kêrsa miyos apa nganggo ngaturi uninga marang kangjêng tuwan residhèn. Mawi, sabên Sênèn Kêmis utawi Sêptu mawi utusan gandhèk kêkalih. Yèn andhawuhake timbalan dalêm ora kêrsa miyos kêpriye. Sami ugi kalihan yèn andhawuhakên timbalan dalêm, mênawi kêrsa miyos. Kaotipun namung ing wêkasan amratelakakên, yèn ingkang sinuhun kangjêng susuhunan boya miyos. Mungguh abdi dalêm gandhèk, yèn anglakoni ayahan dalêm mênyang Ngayogya, mundhi nuwala dhatêng, konjuk ingkang sinuhun kangjêng sultan, satêkane ing kêpatihan, kêpriye dhawuhe marang kangjêng radèn adipati ing Ngayogya. Dhawahipun mêkatên. Radèn Adipati Danurêja, kula suka uninga ing ijêngandika, yèn kula mundhi nuwala dalêm, konjuk ingkang sinuhun kangjêng sultan. Konjukipun kula sumôngga ing ijêngandika. Kêpriye wangsulane Kangjêng Radèn Adipati Danurêja. Wangsulanipun, <68> inggih sandika. Banjure kêpriye. Utusan dalêm gandhèk wau lajêng anyaosakên tabe-tabe utawi salam-salam. Kêpriye ature. Mêkatên, Radèn Adipati Danurêja, kula anyaosakên ingkang tabe kangjêng tuwan residhèn ing Surakêrta Adiningrat, katur ing panjênêngan sampeyan. Ingkang salam taklim Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur ing panjênêngan sampeyan. Ingkang taklim priyayi bupati wêdana ing Surakêrta jawi lêbêt sêdaya, katur ing panjênêngan sampeyan. Sauwise nyaosake tabe-tabe utawa salam-salam, banjur kêpriye. Priyantun gandhèk lajêng kairid ing Kangjêng Radèn Adipati Danurêja dhumatêng ing loji dalêmipun kangjêng tuwan residhèn. Satêkane ing loji, kêpriye ature marang kangjêng tuwan residhèn. Mêkatên, tuwan residhèn ingkang tabe ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dhatênga ijêngandika, ingkang tabe Kangjêng Ratu Pakubuwana, ingkang tabe Kangjêng Ratu Kêncana, angkangingkang. tabe Kangjêng Ratu Pêmbayun, ingkang tabe Kangjêng Pangeran Adipati Ngabèi, dhumatênga tuwan residhèn, kalih lampah kula amundhi nuwala dalêm, konjuk ingkang sinuhun kangjêng sultan, konjukipun kula sumôngga ing ijêngandika. Sawise mêngkono nuli kêpriye. Lajêng anyaosakên tabe-tabe, aturipun mêkatên, kangjêng tuwan residhèn, kula anyaosakên ingkang tabe Kangjêng Tuwan Residhèn <69> ing Surakêrta Adiningrat, katur kangjêng tuwan residhèn. Ingkang tabe Kangjêng Radèn Adipati Sasradinigrat, katur kangjêng tuwan residhèn. Ingkang tabe priyayi bupati wêdana ing Surakêrta jawi lêbêt sêdaya, katur kangjêng tuwan residhèn. Nuwala dalêm kang bakal konjuk kangjêng sultan mau, apa diunjukake dhewe ing priyayi gandhèk marang kangjêng sultan. Botên, Nuwala dalêm wau

--- 36 ---

lajêng katampèn ing kangjêng tuwan residhèn saking priyantun gandhèk, enjingipun kapundhut lumêbêt dhatêng panjênêngan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan. Mungguh lêbuning nuwala iku apa ora nganggo milih dina. Lêbêting nuwala adat ingkang sampun kêlampahan, ing dintên Sênèn utawi Kêmis. Barêng nuwala dalêm konjuk ing kangjêng sultan, lan uwis diwaos, banjure kêpriye. Sasampuning kawaos, anuntên kangjêng radèn adipati ngatag dhatêng priyantun gandhèk, kapurih munjuka dhatêng kangjêng sultan. Pêngatage kêpriye. Namung mêkatên kemawon: prikônca. Wangsulane priyayi gandhèk kêpriye. Wangsulanipun namung: ênggèh. Kêpriye unjuke marang kangjêng sultan. Unjukipun panjang sangêt. Ewadèntên mênawi sampeyan badhe sumêrêp, inggih kula tirokakên. Iya, aku arêp sumurup. Priyantun gandhèk wau sasampuning nyêmbah, unjukipun mêkatên, kula nuwun, ingkang sinuhun kangjêng sultan, ingkang salam pêndonga rama dalêm ingkang sinuhun <70> kangjêng susuhunan, konjuk ing panjênêngan dalêm, ingkang salam rama dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm, dhumatêng ingkang rama, eyang dalêm Kangjêng Panêmbahan Mangkurat. Ingkang salam rama dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang putra: rayi dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi, ingkang salam rama dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang eyang: eyang dalêm, Bêndara Pangeran Arya Mangkukusuma. Ingkang salam rama dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang rama: eyang dalêm Bêndara Pangeran Arya Adiwinata. Kula nuhun, ingkang taklim rama dalêm, kangjêng pangeran adipati ngabèi, konjuk ing panjênêngan dalêm. Ingkang salam taklim rama dalêm kangjêng pangeran adipati ngabèi, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang rama, eyang dalêm Kangjêng Panêmbahan Mangkurat. Ingkang taklim rama dalêm kangjêng pangeran adipati ngabèi, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang putra: rayi dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi. Ingkang salam taklim rama dalêm kangjêng pangeran adipati ngabèi, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang eyang: eyang dalêm Bêndara Pangeran Arya Mangkukusuma. Ingkang salam taklim rama dalêm kangjêng pangeran adipati ngabèi, konjakkonjuk. ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang rama: eyang dalêm Bêndara Pangeran Arya Adipati Nata. Kula nuwun, ingkang salam donga ibu dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana <71> konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang putra: rayi dalêm Kangjêng Ratu Kêncana. Ingkang taklim ibu dalêm konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang rayi: ibu dalêm Kangjêng Ratu Agêng. Ingkang salam taklim ibu dalêm konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang ibu, eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas. Kula

--- 37 ---

nuwun, ingkang salam pêndonga ibu dalêm Kangjêng Ratu Kêncana, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang putra: rayi dalêm Kangjêng Ratu Kêncana. Ingkang taklim ibu dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang rayi: ibu dalêm Kangjêng Ratu Agêng. Ingkang salam taklim ibu dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang ibu, eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas. Kula nuwun. Ingkang salam taklim ibu dalêm, Kangjêng Ratu Pêmbayun, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang putra: rayi dalêm Kangjêng Ratu Kêncana, ingkang salam taklim ibu dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm, dhumatêng ingkang rayi: ibu dalêm Kangjêng Ratu Agêng. Ingkang salam taklim ibu dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang ibu: eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas. Kula nuwun, tabenipun tuwan residhèn ing Surakêrta Adiningrat, konjuk ing panjênêngan dalêm. kangjêng sultan amangsuli pangandika apa. Wangsulanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan, adat andangu kêsugêngan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan punapadene ingkang <72> dados kêlangênan dalêm. Kalane Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana ping 5 iki misih timur, yèn ana utusan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan amundhi nuwala kaya kang wus katuturake mau, kangjêng sultan apa mangsuli pêngandika dhewe. Botên, ingkang mangsuli bêndara pangeran ingkang dados wakil dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan. Kêpriye olèhe andhawuhake wangsulan. Dhawuhipun mêkatên, kônca gandhèk. Tumuntên priyantun gandhèk amangsuli, punapi, bêndara pangeran wakil ngandika malih, pêngandikanipun, dhawuh dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sugêng. Wangsulanipun gandhèk, kula nuwun sugêng. Pangeran wakil ngandika malih, dhawuh dalêm, punapa kêlangênanipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Wangsulanipun gandhèk, kula nuwun, angêrsakakên nguningani abdi dalêm ingkang gêladhi abdi dalêm bêdhaya agêng alit, kalihan angêrsakakên nguningani abdi dalêm ingkang mangun ringgit purwa. Abdi dalêm gandhèk mau sawuse mulih mênyang Surakêrta kêpriye. Lajêng matur dhumatêng nyai tumênggung, aturipun mêkatên. Kula nuwun, sampun kula kêdhawahan timbalan dalêm, andikakakên mundhi nuwala dalêm, konjuk ingkang sinuhun kangjêng sultan. Kula nuwun sampun, dhatêng kula wontên ing Ngayogya sontên wanci jam 4, konjukipun kagungan dalêm sêrat ing dintên Sênèn wanci jam 10 enjing sarêng ing dintên Sêlasa, ku- <73> la katimbalan dhatêng loji, anampèni sêrat wêwangsul konjuk ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Ing sapunika sampun katampèn dhatêng tuwan residhèn. Sawise matur mêngkono, banjur kêpriye. Lajêng anyaosakên taklim-taklim tuwin tabe, kados ingkang konjuk ingkang sinuhun kangjêng sultan wau.

--- 38 ---

29. over den akkerbouw

Apa kowe sumurup mungguh laku-lakuning wong among tani. Kêdhik-kêdhik inggih sumêrêp. Mungguh panggonan utawa lêmah kang ditanduri, iku wêrna pira. Punika kathah wêrninipun. Mara aranana siji-sijine. Sasumêrêp kula 1. sabin, 2. pêgagèn, 3. patêgilan, 4. paèstrèn, 5. pakêbonan, 6. pêgajih, 7. karang kopèk, 8. pêkarangan, 9. babadan, 10. talun, 11. bêbêran. Kêpriye mungguh beda-bedane kang koarani iku kabèh. Sabin mêkatên, ingkang katanêman pantun, amawi galêngan, kailèn ing toya, utawi kadhawahan ing toya jawah. Sawah iku wêrna pira. Sabin punika wêrni kalih, 1. sorotan, 2. tadhahan, ingkang sorotan ing môngsa kêtiga kailèn ing toya saking bêndungan, pênyabinipun nama gadhu <74> nama sabin walikan. Sawêrnining sabin ingkang angsal toya saking bêndungan, anama sabin sorotan, kenging kawêstanan sabin gadhu walikan, têgêsipun katanêman ing môngsa kêtiga akalihan rêndhêng. Ingkang nama tadhahan, kengingipun katanêman pantun namung ing môngsa rêndhêng, kêdhawahan ing toya jawah, dados namung sêpisan sêtaun. Pêgagan iku sing êndi. Tiyang nanêm pantun angajêngakên môngsa rêndhêng, namanipun pantun gagi, pundi ingkang katanêman nama pêgagan. Patêgalan iku sing êndi. Patêgilan mêkatên ingkang dipun tanêmi krowodan, pala kapêndhêm, pala kêsimpar, tanêm tuwuh. Krowodan, pala kapêndhêm, pala kêsimpar lan tanêm tuwuh iku apa. Ingkang nama krowodan punika, kados ta gudhe: kacang sapênunggilanipun. Ingkang nama pala kapêndhêm kacang cina, kênthang, kêtela, pênunggilanaipun pala kapêndhêm, uwi, gêmbili, kimpul, talês, linjik, suwêg, ananging botên katanêman wontên ing têgil. Ingkang nama pala kêsimpar, sêmôngka, timun sapênunggilanipun. Ingkang nama tanêm tuwuh jagung, kapas, sapênunggilanipun. Paèstrèn iku sing êndi. Ingkang kawêstanan paèstrèn punika patêgilan ingkang wontên sapinggiring pemahan cakêt, katanêman krowodan, kados patêgilan wau. Pakêbonan iku sing êndi. Ingkang kawêstanan pakêbonan mêkatên sawingkinging griya, utawi sakiwa têngêning griya, <75> katanêman pala kapêndhêm, ingkang pancèn botên katanêm ing patêgilan wau, sêrta katanêman pala gumantung tuwin karang kirna. Pala gumantung lan karang kirna iku [i...]

--- 39 ---

[...ku] wowohan apa. Ingkang nama pala gumantung punika, uwit-uwitan ingkang botên lami umuripun, kados ta pisang, katès sapênunggilanipun. Ingkang nama karang, kêlapa, ingkang nama kirna, uwit-uwitan ingkang lami umuripun, kados ta pêlêm, nôngka, kuwèni sapênunggilanipun. Kang aran pêgajih iku sing êndi. Pêgajih mêkatên panggenan sapinggiring lèpèn, kengengipun katanêman yèn kêtiga, amêrgi yèn rêndhêng, dados lèpèn, ingkang katanêm kados ingkang katanêm wontên ing patêgilan wau, krowodan ingkang katanêm wontên ing pêpèrèng, siti botên kawical ing cacah ngajêng, punika inggih nama pêgajih. Kang aran karang kopèk iku lêmah apa. Siti dhusun ingkang botên gadhah sabin, punika nama karang kopèk. Ingkang wontên namung patêgilan, pêpagèn, paèstrèn, pakêbonan. Pêkarangan iku sing êndi. Ingkang nama pêkarangan punika pakêbonan ingkang namung katanêman kêlapa kemawon. Babadan iku sing êndi. Punika siti tanah parêdèn dipun babadi kêkajênganipun, lajêng kabêsmi, katanêman pantun ing môngsa wiwiting rêndhêng, pantunipun nama gagi. Yèn pantun ingkang katanêm <76> wontên ing babadan utawi pêgagèn, sasampuning kawatun kasêlanan krowodan utawi pala kêsimpar, lêbaring pantun panggenan pêgagèn wau nama talun. Bêbêran iku sing êndi. Sabin utawi patêgilan ingkang wau nate dipun tanêmi awusana botên, amêrgi wontên sababipun, têrkadhang tiyangipun kesah utawi kêkirangan isarat tuwin dados prêkawis. Kêpriye pratingkahe wong nênandur. Mênawi sabin sorotan wiwitipun kailèn ing toya, yèn sampun kalih dintên utawi tigang dintên lajêng dipun idêri. Apa têgêse diidêri iku. Ingkang pinggir kaubêngan dipun wêlujêng antawis tigang singkal. Kaantawisakên pêndhak dintên lajêng kajangêt. Apa têgêse dijangêt. Ing têngah kawêlujêng sasingkal lajêng kawêlujêng sêdaya, kakèndêlakên sêpêkên utawi pêndhak dintên tumuntên dipun rambahi. Dirambahi iku kêpriye. Kagaru sêpisan antawis sêpêkên kalawêd. Têgêsipun kawêlujêng malih, antawis sêpêkên anglèr. Apa têgêse anglèr. Têgêsipun kagaru ngantos dados lêlahan. Ingkang pancèn pawijèn dipun uriti utawi dipun sêbari. Diuriti lan disêbari iku kêpriye. Dipun uriti mêkatên, lêlahan wau dipun dhawahi wiji pantun ingkang, têksih wêwulèn. Yèn lêlahan kadhawahan wiji pantun sampun dados gabah, anama dipun sêbari. Wiji <77> pari mau apa ora nganggo didaut. Mawi, mênggah pêndauting wiji wau, mênawi pantun genjah sêlapan dintên utawi kalih têngah wulan. Yèn pantun lêbêt [lê...]

--- 40 ---

[...bêt] ngantos tigang wulan, sasampuning kadaut lajêng kabêntelan. Dibêntèli iku dikapakake. Dipun bêntèli mêkatên, wiji ingkang kadaut wau katangsulan ngalih-ngalih têkêm, ingkang kêdamêl tangsul sadak irat. Bêbasaning wong among tani, dibanjari iku kêpriye. Dipun banjari mêkatên, wiji ingkang kabêntelan wau kawradinakên wontên ing lêlahan ingkang badhe katanêman. Kinintên awisipun cêkaping wiji sêbêntèl-bêntèlipun. Sauwise dibanjari kêpriye. Lajêng katanêm, antawis sêtêngah wulan wiji wau nama nglilir, antawis sêtêngah wulan malih nama gumundha lêmara, sêtêngah wulan malih gêmadhung, sêtêngah wulan malih mêtêng mapak. Sêtêngah wulan malih sêmrobot utawi mêrkatak, antawis sêpêkên sasampuning mêrkatak wontên ingkang mlêncuti, wontên ingkang kêmêmping, antawis sêdasa dalu malih panèn, punika yèn pantun genjah. Mungguh pratingkahe nandur pari jêro kêpriye. Pratingkahipun nanêm pantun lêbêt botên sanès akalihan ingkang sampun kula aturakên wau, kaotipun namung pêndauting wiji pantun lêbêt, tigang wulan utawi satus dintên, lajêng katanêm. Panènipun gangsal wulan utawi nêm wulan. Sawise kaêni, kang padha ani-ani diwènèhi apa. Ingkang sami ani-ani kasukanan pantun, anama bawon. <78> Pira kèhing bawone. Mênggah kathah kêdhiking bawon wau, agadhah cara piyambak-piyambak, wontên ingkang para tigan utawi para sêkawanan saking angsalipun ani-ani sêdintên. Sawise diêni pari mau banjur dikapakake. Lajêng kabêlahan, tangsulipun janur, anuntên kabêkta mantuk, kaêpe sagaringipun. Mungguh wanguning pangêpe jarene ana arane. Inggih wontên, wontên ingkang dipun ayar, wontên nama cèlèng mogok, dhapur mêrak kasimpir wontên trap sirap, wontên untingan. Sawise garing nuli kêpriye. Sasampuning garing lajêng kauthutan, uthut ungutanipun wontên ingkang mêstani lamèn. Pari mau sawise rêsik, banjur dikapakake. Sasampuning pantun wau rêsik, lajêng kabêlahan malih, ingkang kêdamêl tangsul rosan, anuntên kainggahakên. Iku diunggahake mênyang êndi. Dipun inggahakên mêkatên kasinggahakên ing lumbung. Apa nyata, pari kang disinggahake ing lumbung nganggo disajèni. Inggih yêktos, lumbung wau mawi kasukanan isarat, panggenan ingkang badhe katindhihan pantun kadekekan godhong pisang kalih papah, godhong kêluwih kalih lêmbar, bendha sêjodho, kêmiri jêndhul sêjodho. Sasampuning pantun wau minggah ing lumbung, nginggiling pantun kasukanan dilah, kasajenan sêdhah ayu, <79> pisang ayu, sêkar, konyoh, mênyan, madu, utawi mawi jênang akalihan têtêl. [têtê...]

--- 41 ---

[...l.] Sajèn mau apa ora dijupuk-jupuk saka ing lumbung. Mênawi sampun sêpêkên, sajèn wau kapêndhêtan. Yèn saking inggahing pantun wau sampun jangkêp kawan dasa dintên, ingkang gadhah pantun lajêng sidhêkah mêmule, ujubipun ingkang kamêmule bok Sri Sadana akalihan Gusti Panutan. Sasampuning mêmule, pantun wau karêsikan nama jakat dhatêng kaum saamêtipun sêgèdhèng, ingkang botên anêtêpi jakat, anama sunat, anyukani dhatêng kaum sakadar lilanipun. Wong bakal ani-ani jarene iya nganggo sajèn. Inggih, sadèrèngipun ani-ani, pantun mawi kaisaratan kapêthik sêkêdhik, antawis sêlawe uli, lajêng kasimpên wontên ing lumbung, pangêninipun mawi amilih, pintên ingkang priyogi, mawi sajèn tuwin isarat, ingkang kakêpang sêkul liwêt, lawuhipun kuluban sambêl gêpèng, gêrèh pèthèk, sarta mawi lantingan isi toya kêbak, ingkang utami mawi sêkul golong kalih jodho, pêcêl ayam jangan mênir, wondening sajènipun, inggih kados ingkang sampun kula aturakên wau. Kêpriye mungguh laku-lakune pangrêsayaning têtanèn. Tiyang nyambat mêlujêng mawi olah-olah amblêgudhêg utawi rowa ing suwêtawis,sawêtawis (dan di tempat lain). sasampuning bibar mêlujêng, tiyang sêsambatanipun wau <80> kaingonan, punika dados caraning dhusun gêgêntosan. Mênawi kudur dhatêng têtiyang alit rerehanipun piyambak, dipun gilirakên ngalih dintên utawi nigang dintên. Yèn nyambat tanêm dhatêng tiyang èstri, sabibaripun tanêm tiyang sêtunggil kasukanan sêkul golong sêtunggil, ulamipun gêrèh, sambêl gêpèng utawi janganan mawi yatra sêgobang utawi sêprapat, tiyang sêtunggilipun. Bilih pantun ing sabin sami sarêng sêpuhipun, môngka sabinipun wiyar-wiyar, ragi wontên awisipun ing tiyang, kados tanah ing Sokawati, kêsêsanipun ing pamêndhêt mênawi kêsêlak lèsèh, punika kasambatakên tiyang dêrêp, tiyang sêtunggil kasukanan sêkul sêpênak, ulamipun suwêtawis. Anggènipun ambawoni kapara ênêm, ingkang darbe gangsal panduman. Ingkang dêrêp sêpanduman, yèn ingkang kêlampah limrah botên ngantos lèsèh, sabin dawêg tiyang kathah kados ta tanah ing Pajang, botên mawi kasambatakên, ingkang dêrêp sami dhatêng piyambak, bawonipun inggih mara nêm. Sing diarani wong rena iku apa. Ingkang dipun wêstani tiyang rena punika, tiyang ani-ani lajêng ambruk, botên mantuk yèn dèrèng bibar panèn. Tiyang mêkatên punika mênawi ing tanah wetan dipun wêstani tiyang kurung, ing tanah kilèn amêstani tiyang rena. Kêpriye carane wong nyambat ambêndung kali. Ingkang gadhah bêndungan mawi apêparintah andhatêngakên sawêrnining têtiyang, ingkang sabinipun kailèn <81> ing toya saking bêndungan wau, mênawi botên têngadur sangêt amêsthi sami dhatêng, ambêkta

--- 42 ---

dami utawi sangkrah, pacul, arit sêrta dêling, ingkang gadhah bêndungan ambêkta gêlugu utawi kajêng agêng kêdamêl pathok. Mungguh pênggawening wangan apa iya rêrukunan mêngkono. Mênggah pêndamêling wangan inggih gêguyuban rêrukunan ing kathah, sawêrninipun tiyang ingkang sabinipun kailèn ing toya saking wangan inggih sami tumandang ing damêl. Sing diarani lurah pamulu banyu iku apa. Punika sêsêbutanipun tiyang ingkang sami kailèn ing toya dhumatêng ingkang gadhah bêndungan. Wong kang padha kailèn ing banyu mau, apa nganggo awèh isarat marang lurah pamulu banyu. Mawi, isaratipun ing dalêm sêtaun bilik-bilik wiyar ciyuting sabin. Wontên ingkang nêm sêka, wontên ingkang tigang reyal, wontên ingkang ngawan reyal. Têrkadhang wêrni pantun, saamêt utawi kalih amêt ing dalêm sêtaun. Mungguh mêmatun, ambubuti utawa amangkili sukêt ing pêgagan, apa nganggo dikudurake. Inggih mawi, caranipun kados tiyang nyambat mêlujêng wau. Bab matun wau têrkadhang amung kakudurakên kemawon dhatêng tiyang alit, inggih mawi kaingonan ing suwêtawis. Pêndhangiripun patêgilan jagung, mênawi wiyar, inggih kakudurakên, lampahipun kados ingkang sampun kula aturakên wau.

30. over verschillende beambten in en Kraton

Apa gawene abdi dalêm kang aran bok rara manis, bok rara bariyah, bok rara <82> bundêr, si putêr, bok rara dêruk, si buthak, bok rara kuning, bok rara rêdên lan kyai dêmang jangkung gupila. Damêlipun abdi dalêm bok rara manis, bok rara bariyah, bok rara bundêr, namung ngampil kunca dalêm, mênawi panjênêngan dalêm miyos. Pun putêr, bok rara dêruk, pun buthak, kyai dêmang jangkung gupila namung dados kêlangênan palawija. Bok rara kuning, bok rara rêdên, damêlipun ngampil-ampil wontên salêbêting cêpuri. Apa gawene kyai dêmang jangkung pacar. Damêlipun andhawahakên timbalan dalêm dhumatêng lurah gamêl, mênawi wontên karsa dalêm wadalipun ing titihan. Apa gawene kyai dêmang gênêr. Damêlipun ngampil-ampil wontên salêbêting cêpuri, padintênan rèmèh-rèmèh. Ana abdi dalêm aran kyai megatara, lan kyai jaladara, iku apa gawene. Abdi dalêm kêkalih punika damêlipun anjajari panjênêngan dalêm wontên ing ngajêng, ambêkta tamèng, sêrta tênggak caos wontên ing kori panêpèn ing lêbêt. Abdi dalêm gandhèk, liyane andhawuhake barang pêrentah, apa manèh gawene. Aliya saking anglampahakên [a...]

--- 43 ---

[...nglampahakên] <83> barang dhawah, tênggak saos wontên ing siti inggil, yèn dalu nganglangi kandhang sima sêrta pêpriksa mênawi wontên titir salêbêting nêgari. Kang ngampil-ampil kêprabon dalêm iku priyayi apa. Punika nama priyantun pêngampil ônggadara, mangundara. Priyayi katanggung lan mantri anom iku apa gawene. Damêlipun nunggil akalihan abdi dalêm gandhèk wau. Priyayi kêmit bumi iku gawene apa. Damêlipun amêdalakên upacantên dalêm, wontên ingkang ngêngakakên kori utawi anginêpakên, bêbahanipun piyambak-piyambak. Apa gawening mantri gêdhong. Damêlipun mantri gêdhong tênggak wontên ing srimênganti, pêcaosanipun wontên ing kori ijêm, ngêngakakên nginêpakên kori, mênawi garêbêg utawi wontên pêkurmatan olah-olah. Garêbêg iku ping pira sêtaun. Kaping tiga, Mulud, Siyam akalihan Bêsar. Mungguh abdi dalêm niyaga, aliya saka ing nabuh gamêlan, apa gawene manèh. Tênggak saos wontên ing siti inggil sêrta gilir sowan mêlêbêt mênawi ing kêdhaton ringgitan. Apa gawene abdi dalêm gamêl aliya saka ing ngopèni kagungan dalêm titihan. Tênggak saos wontên ing pagêdhogan, ngarung sêrta angambili kagungan dalêm titihan. Wong gajah mati apa mèlu rumêksa kagungan dalêm titihan. Botên, damêlipun namung nyara- <84> ki, damêl têmbung, damêl kêndharat pêngarungan, utawi tampar sarung kêndhangsul tuwin ambên pusparaga. Sing sok nunggangi gajah, iku priyayi apa. Punika abdi dalêm sêrati, aliya saking numpaki gajah, mawi tênggak saos têngga gajah, angguyang sêrta maèsi gajah punapadene nyowanakên gajah sabên garêbêg tuwin pêndhak dintên Sêptu. Apa gawene abdi dalêm pênandhon. Damêlipun tênggak saos wontên ing gêdhong joli, sikêpipun mênawi siyang, dhatêng ing gênthan utawi ing bandêngan. Damêlipun nyapu, nyoroki kalèn, ambucali uwuh tuwin sêsukêr sanèsipun, tuwin ngisèni kulah pasiramanipun kangjêng ratu. Sing sok ngampingi joli, kang dititihi kangjêng ratu, utawa para putri iku priyayi apa. Punika abdi dalêm mantri kêraton, aliya saking ngampingi joli, mawi tênggak saos, mênawi siyang wontên ing srimênganti êlèr, mênawi dalu wontên ing kori ijêm, punapadene angêngakakên utawi anginêpakên kori, giliran akalihan abdi dalêm gêdhong. Pêtunggukane abdi dalêm mêrgôngsa ing êndi. Tênggak saosipun abdi dalêm mêrgôngsa wontên ing pêkapalan kêpatihan, aliya saking punika anggarap kajêng dandosaning griya, punapa ingkang dados karsa dalêm, anjawi saking ukir-ukiran. Apa kang sinuhun kagungan abdi dalêm tukang batu. Kagungan.

--- 44 ---

Nanging tukang batu punika botên mawi tênggak saos, namung gilir pêsowanipun sabên dintên wontên ing siti inggil, anggarap mênawi wontên karsa dalêm bab pangêtraping <85> banon. Apa gawene abdi dalêm kêtib, modin, suranata, juru. Damêlipun abdi dalêm kêtib tênggak saos wontên ing surambi, ngimani wontên ing mêsjid Agêng, sowan Sênèn Kêmis wontên ing surambi, andhèrèk ngrencangi anggalih khukum, mênawi Jumungah maos kutbah, ambêkta pênyadranan dalêm. Damêlipun modin tênggak saos wontên ing mêsjid Agêng sêrta adan Jumungah. Damêlipun suranata tênggak saos wontên ing suranatan, angirid sikêp pênandhon dhatêng ing Bandêngan utawi dhatêng ing Gênthan, sontên ngiman-imani. Damêlipun juru tênggak saos wontên ing suranatan, anênggani mênawi wontên sêtunggiling para bêndara gêrah tuwin bilih wontên putra ingkang sawêg miyos mênawi wontên têruh tuwin gara-gara, anyidikakên sêrta dados pitakenan bab môngsa utawi pawukon. Apa gawening panèwu mantri jaba. Damêlipun tênggak saos majêng masisiran, patênggakan sêrta pêcaosanipun wontên ing bangsal ing pagêlaran. Pêsowanipun ing pagêlaran, punapadene anyanggi takêr têdhak sajawining bètèng. Apa gawening mantri kadipatèn. Damêlipun tênggak saos majêng masisiran, kêdhuk cèkèr ladosan ing kadospatèn, nyanggi takêr têdhak ladosan ing kadospatèn. Apa gawening mantri kêbayan. Sabên dintên anindhihi <86> damêl, anariki takêr têdhak, amêrentahakên damêl-damêl, anglapurakên rampung dèrènging damêl utawi mênawi wontên prêkawisipun. Ananging mantri kêbayan wau botên mawi tênggak saos. Sing mèmuti lêbu wêtuning kagungan dalêm dhuwit sapa. Punika abdi dalêm jajar carik, aliya saking mèmuti lêbêt wêdalipun ing yatra, mawi tênggak saos sêrta sowan gilir, pêsowanipun wontên lêbêting kori srimênganti ing pisang sêlirang salèring pêndhapi agêng, anadhahi mênawi wontên dhawah dalêm sêratan, ambêkta sêrta andhèrèkakên nuwala dalêm pasrahipun dhatêng ing loji, dalêmipun kangjêng tuwan residhèn. Mungguh abdi dalêm urdênasan, dêlêngku akèh têmên. Iku apa ana gawene dhewe-dhewe. Anjawi saking tênggak saos, sowan sabên dintên, cêcêpênganipun ing damêl mawi pinta piyambak-piyambak, wontên ingkang dados gêdhong, wontên ingkang nênggani damêl. Wontên ingkang dados utusan andhêdhawahakên karsa dalêm, anjajari lumampahing ngarsa dalêm, mawi nyêngkêlit sabêt. Apa gawene lurah kulon lan lurah wetan. Damêlipun lurah kilèn angêrèhakên panakawan panêpèn. Angladosi sabên dintên ingkang nama rèmèh utawi ngadhêp punapadene animbali para pangeran [pa...]

--- 45 ---

[...ngeran] <87> mênawi wontên ingkang katimbalan. Damêlipun lurah wetan mênawi wontên ingkang katimbalan. Damêlipun lurah wetan awêrèhakênangêrèhakên. panakawan pêlataran, panakawan pêndhapi, utawi panakawan ing kadospatèn. Ana priyayi aran kanoman, nganggo ikêt jêplakan iku apa gawene. Punika dipun wêstani kanoman kadospatèn. Damêlipun tênggak saos sêrta ngampil-ampil kêprabon ing kadospatèn. Abdi dalêm panakawan iku apa gawene. Damêlipun sowan sabên dintên. Wontên ingkang nyapu, wontên ingkang olah-olah, wontên ingkang ngadhêp, wontên ingkang anggodhog wedang sapênunggilanipun. Apa pêngagême para pangeran yèn seba ing kêdhaton. Mênawi botên ing dintên Sênèn Kêmis, namung dhêstharan kemawon, nyampingan ngagêm rasukan, ngagêm cênela, pêsowanipun dalu gilir, mênawi dumugi ing kori badhe lumêbêt, ambikak rasukan nyopot cênela, ampilan ingkang andhèrèk lumêbêt namung lopak-lopak. Sanèsipun saking punika sami kandhêg ing jawi sêdaya. Mungguh pangeran kang para gusti, apa iya mêngkono pêngagême. Inggih mêkatên ugi, kaotipun namung ampilan pêdhang kenging andhèrèk lumêbêt. Wondening yèn pênuju wontên tamu utawi wontên damêl midadareni pêngantèn, sowanipun sontên mawi ngagêm kuluk. Ampilan sabêtipun anggêr pangeran kenging andhèrèk malêbêt. Apa pêngagême para pangeran <88> nalikane ing dina Sênèn utawa Kêmis. Mênawi ing dintên Sênèn utawi Kêmis, ngagêm cêlana, kampu,kampuh. paningsêt kampuhan, wêdhung, wangkingan, kuluk pêthak, ampilan panurung, sênjata, kothak wadhah kuluk, wadhah sês, lopak-lopak, lante, dhingklik, lepok, pêngunjukan rotan.

31. samenspraak van twee Javauen in Ngoko, over verschillende zaken

Patra: <89> Têkaku iki mung tilik kowe, wingi aku kêpapag kêponakanmu Si Wiradipa ana ing dalan prapatan salore ing Gêladhag, tutur mênyang aku, yèn kowe lara, lah iki kowe kêtêmu lungguh ana ing jaba, ora ana èmpêre yèn lara.

Jaya: Aku ora lara, mung awakku bae ora kêpenak amêrga dening pilêk, sakiki wis ora ana kang kêrasa. Dhèk Kêmis aku mulih saka ing desa, têkanku ngomah wayah bêdhug awan bangêt sayahku, sêrta kêringêtku gumrobyos. Saking gêrahe aku banjur kungkum ana ing kali, wuwuh-wuwuh aku ngombe banyu adhêm akèh, iku kirane kang dadi sababe pilêkku, aku kalane isih nom-noman ora ringkih kaya saiki.

--- 46 ---

Patra: Uwis lumrah, wong yèn ngangkat tuwa suda samubarange, aku iya mêngkono, kalane lagi umur sêlawe arang-arang lara, aku biyèn kêrêp lumaku bêngi sêrta kodanan, pêmanganku cêrobo, kêrêp mêlèk sawêngi natas, esuke banjur nglurug ngêdu jago utawa sêtotêr, têrkadhang nganti surup, ewadene bêcik bae, barêng saiki wis ngangkat tuwa, mungguh ing samubarang kudu nganggo duga-duga lan wêtara, awit si awak ora kêlar nyêmbadani karêping ati.

Jaya: Kowe saiki isih dhêmên sêtotêr. <90>

Patra: Isih, nanging ora bangêt kaya biyèn.

Jaya: Bok komarèni dhêmênmu marang kêbungahan kang nuntun mênyang kêmlaratan, sawêruhku durung ana botoh bisa dadi sugih, lumrahe padha anggondhil sêrta samôngsa kêcupêtan budi, adat mêtu tekade kang ora bêcik. Wong bêbotohan iku ora bisa mêsthèkake mênange, yèn mênang sangsaya kaya diunggar, angarah wuwuhe mênange, wusana mênange mau dhadhal. Dene yèn kalah, mêmanasi, kudu amburu kalahe tur arang kêcandhak. Malah wuwuh kalah yèn ora olèh utang-utang, barang duwèke ditombokake, ginawe amburu kalahe.

Patra: Cêlathumu iku bênêr, nanging botoh ora anduwèni pikir mêngkono, mung unjurungi bungah utawa panasing atine bae, dene olèhku isih botohan iku aja kosêngguh dak gawe pangupa jiwa kaya biyèn, mung dak gawe pêngangguran bae, lan ora gêdhèn.

Jaya: Sukur yèn mêngkono, nanging yèn kêna marènana babar pisan, apa kurang kêbungahan ing alam donya liyane saka ing ngêbotohan kang kêna ginawe pêngangguran sêrta ora anuntun mênyang pênggawe ala.

Patra: Bênêr bae cêlathumu iku, ora kêna diwaoni, ananging lumrahe wong iku, yèn duwe kadhêmênan, sênajan wêruha yèn iku bakal kêkêmbanging <91> kêrusakan, ora nêdya angunduri, dielingna manèh yèn kênaa, samôngsa ana kang wêlas amituturi, saure wong wis kêbanjur, kêpriye olèhe ngunduri.

Jaya: Mêngkono iku wangsulane wong ora nêdya dadi bêcik. Lugune iku kapêrentah mênyang hawa napsune, awit manungsa iku kuwasa nyandhêt kêkarêpane kang ora bêcik utawa kang bakal niwasi, kowe iya wêruh dhewe, pamanamu Si Jadita tadhahe wae nyêrèt sêdina rong rupiyah, barêng dak pituturi, banjur diundur-undur, antara rong sasi bisa mêdhot nganti saprene, kalane isih gêdhe sêrète, awake kuru lan lêlaranên bae, saiki lêmu sêrta arang-arang lara.

--- 47 ---

Patra: Iya dhasar mêngkono, si paman saiki malah gêthing marang wong madati, wong madati iku kêjabane rusak awake lan nalare, arang sing kanggonan têmên, samôngsa pêtagihan lan ora ana kang ditukokake madat, cilike wani anggêgampang duwèking sanak sadulur, gêdhene nyênyolong, karodene manèh, yèn durung nyêret, ora kêna koajak pikiran nalare ora mungup. Pijêr kêlakêpan bae, lan kêsèt marang pêgawean.

Jaya: Yèn amung buntu pikire lan kêsèt bae ora ngapaa, nanging wong <92> madati kang ora kêcukupan, lumrahe banjur mêtu tekade mênyang kêdurjanan, kaya ta mêmaling, ngêngècu, ambêbegal, angapus-apusi, sapênunggalane kang kêlêbu kêdurjanan.

Patra: Wong madati iku karo wong doyan mêndêm undha usuk bae, apyun lan arak têtela yèn angrusakake awak lan ambubrahake nalar.

Jaya: Iya, nanging padha-padha ngrusakake awak, enggal arak karo apyun. Awit wong doyan mêndêm iku arang kang dawa umurura,umure. karodene êndêming arak anglalèkake, kêrêp tumiba mênyang kênisthan, kaya ta kang nganti lali marang kêwirangane, utawa nganti ngathang-athang ana ing lêlurung, dene wong nyêret iku, dikèhana kaya apa, êndême ora nganti lali.

Patra: Aku satêmêne eram andêlêng kang padha doyan ngombe arak, mêndêm nganti lali, dene rasane ora enak. Lan yèn kaduk pêngombene, awake lara awit aku dhewe uwis anglakoni, yèn aku ngadêgi gawe, môngka kaduk olèhku ngombe arak, esuke awakku ora karuwan rasane, sabarang sing dak pangan ora enak, têrkadhang nganti rong dina isih lêsu.

Jaya: Iya kowe ngarani ora enak rasane, kang padha doyan mêndêm môngsa ngaranana mêngkono. Ayo padha lumêbu ing omah, angine midid, aku wong mêntas mari, bokmênawa kambuh. <93>

Patra: Ayo, aku iya wis sayah ngadêg.

Jaya: Kowe arêp ngombe wedang bubuk apa êtèh.

Patra: Sadhengah bae sing ana, êtèh aku doyan, wedang bubuk iya doyan.

Jaya: Lah iku wedang bubuk wis cumawis, amèka dhewe.

Patra: Apa kowe ora kêprungon, yèn besanmu Si Jayadita ing Ganggasan dikècu, nganti êntek-êntekan.

Jaya: Iya kêprungon, nanging ora kaya tuturmu iku, barang duwèke ora ana kang kêna, malah kècune mati loro, Si Jayadita ambênêri suwung, ngadêgi gawe mênyang desa ing Kroya, sing narungi kècu anake lanang lan kêponakane [kêponaka...]

--- 48 ---

[...ne] sabature wong wolu, dene kècu kang mati loro mau karuwan jênêng lan omahe, sing siji aran Wiradrana, anake Bêkêl Wôngsapraya ing Sêmbèr, sijine aran Dipamênggala, kêbayan ing Jatisari.

Patra: Sing awèh khabar mênyang kowe mêngkono iku sapa.

Jaya: Si Jayadita dhewe, balik kowe olèh pawêrta saka ing êndi.

Patra: Saka ing Si Wôngsadrana ing Pêlaraban.

Jaya: Wong siji iku aja koandêl, sabarang kang diwêrtakake. Yèn <94> ora akèh undhake, iya akèh sudane, têrkadhang kosok wangsul, akèh bae kang wus dikandhakake mênyang aku, siji ora ana kang têmên, kalane Si Jatruna dibegal ana ing Jêthis, tuture mênyang aku Si Jatruna ambegal Cina, aku sêdhela gumun bangêt yèn wong iku gêlêm anglakoni pênggawe ala, awit tani sêrta têtêp ngibadahe, êlêt rong dina anake lanang Si Jatruna mênyang omahku, awèh wêruh yèn bapakne dibegal ana ing Kêdhung Bantheng nganti kêtaton. Dhèk ing Kauman kobongan, aku ambênêri lara, Si Wôngsadrana tilik aku, dak takoni mungguh kèhe omah sing kobong, pangsulanewangsulane. mung loro, sorene Si Dipa têka, tutur mênyang aku yèn omah ing kampung Kauman kang kobong cacah molo gunggung karo bêlah. Liya saka ing iku akèh pênunggalane, kakang. wis dikandhakake mênyang aku goroh kabèh.

Patra: Kêna ing sibat wong mêngkono iku, yèn kôndha matane pundêlikan, tangane surawean, kaya iya-iyaa, lah iya ing samôngsa wêwêrta manèh mênyang aku, bakal dak wêlèhake gorohe.

Jaya: Mênyang aku saiki wis ora gêlêm kôndha apa-apa manèh, awit barêng kuwêlèh gorohe dak krawus. Saprene kapok, iya gêlêm mrene, nanging ora tau kôndha apa-apa manèh, kêjaba saka ing goroh, bangêt dhêmêne <95> sêsêmbranan, ora nganggo angon môngsa, ora nganggo milih papan. Koajaka caturan prêkara têmênan iya dimori sêsêmbranan.

Patra: Iku arane wong kêpatuh, lupute mêngkono iya bèbèting badhut. Lagi durung kêtanggor bae wong mêngkono iku, lawas-lawas ditaboki ing uwong. Mêndhunge kandêl kiraku udane bakal dêrês, aku lilanana mulih.

Jaya: Iya wêtaraku udan tumuli, bêcik anggawaa payung.

Patra: Kiraku iya mêngkono, aku nyilih payungmu.

Jaya: Lah iku payung sumendhe ing gêdhèk. Anggonên.

--- 49 ---

32. samenspraak van twee Bakoel's in Madyå

Biyang Sênèn: Bok ayu dika wau napa botên kêpapag anak kula Si Jêbrag.

Biyang Tumpak: Ênggih kêpapag ontên sakidule kêrêtêg ing Sêcayudan. Barêngane wong lanang siji, nanging kula dèrèng wanuh. Napaa ta dika takon. <96>

Biyang Sênèn: Esuk wau kula kongkon ngulihake kêmpitan kula suwêng, duwèke Mas Ajêng Citra, môngka saniki êmpun bêdhug dèrèng mulih.

Biyang Tumpak: Kula wau ênggih saka ing ngrika, ajêng ngulihake ali-ali mirah, Mas Ajênge botên ontên ngomah, duga kula mawon anak dika ngêntèni saulihe.

Biyang Sênèn: Sukur yèn mêkotên. Kula niki satêmêne mêlang-mêlang, awit ing môngsa niki okèh sêbrotan, begalan, apus-apusan. Mulane wau kula kanthèni pamanane.

Biyang Tumpak: Inggih, ing môngsa niki okèh bakul kêtiwasan dibegal utawa disêbrot gêgawane, napa malih dikêcubung, tuwin diapusi, mulane kula yèn dodol botên wani lunga adoh-adoh.

Biyang Sênèn: Kula ênggih mêkotên. Wiwit dhèk Biyang Sêmprong disêmbêlèh ontên ing Jèbrès, kula botên wani lunga adoh-adoh, kêmpitan kula barang okèh, ênggih yèn sing ambegal marêm ngêpèki gawan kula mawon, yèn nganggo matèni pripun. Ilanging barang kêna ditêmpuhi, balik ilange umur kula sing bisa nglironi sintên.

Biyang Tumpak: Kula niki rak giris bok ayu, yèn ngrungu kandhaning wong bab begalan lan bakul dipèki gêgawane mêrga dikêcubung. <97>

Biyang Sênèn: Kula ênggih êmpun kêrêp ngrungu bab wong dilêboni kêcubung, nanging dèrèng dhamang pripun rekane dene nganti kêna dikêcubung.

Biyang Tumpak: Woh kêcubung niku digawe bubuk. Samôngsa ontên bakul êmas-êmasan têka, sing duwe omah nyuguh wedang sêrta panganan. Wedang utawa panganan niku dimori bubuk kêcubung wau, diombe utawa dipangan botên kêrasa, botên antara suwe sing dilêboni wau banjur mêndêm, êmpun prêsasat wong edan, dipèki dandanane botên wêruh, saêmpune dipèki gêgawane sêrta dipêlècèti, adat banjur dipênthungi utawa disêmbêlèh, jisime disingkirake [dising...]

--- 50 ---

[...kirake] adoh, mulane kula yèn dodol têng ngomahe wong kang kula dèrèng wanuh, botên ajêng ngombe utawa mangan pêsuguhe.

Biyang Sênèn: Tobat-tobat, dene têka ontên laku kaya mêkotên niku, wong êmpun dipèki gawane sêrta dipêlècèti têka dipatèni.

Biyang Tumpak: Mulane dipatèni, supaya êmpun kêna dititik.

Biyang Sênèn: Wong duwe pênggawe mêkotên niku dosa pindho, kang sêpisan dosa ngapusi, kapindho dosa matèni.

Biyang Tumpak: Inggih mêkotên. Dika kula kandhani, kula sêpisan mèh kêtiwasan. Tujune ontên pitulunging Allah, kula ngêmpit barange <98> Babah Kênang, rupa suwêng intên bèjèn têlung rakit, kula wadhahi bèsèk, barêng kula lumaku mulih, têkan saloring Kêtipès wayahe asar, ontên wong têlu padha kathokan mawon. Kula saka ing êlor, niku saka ing kidul, dadi papag-papagan. Têlu pisan êmpun kêlirak-kêlirik kula mawon sing diingêtake, ati kula êmpun ilang, botên suwe Mas Ngabèi Wôngsanaya liwat, banjur kula nunuti, yèn êmpuna mêkotên, mêsthi kula nêmu bilai.

Biyang Sênèn: Inggih, tujune Mas Ngabèi Wôngsanaya liwat. Niku kang dadi dalan pitulunging Allah.

Biyang Tumpak: Sing dika kêmpit niku duwèke sintên.

Biyang Sênèn: Duwèke wong têlu, kang rupa suwêng duwèke Mas Ajêng Kêrna, kang rupa ali-ali duwèke Babah Loli, kang rupa bênik duwèke Êncik Ponah.

Biyang Tumpak: Kula dêlênge suwênge.

Biyang Sênèn: Dawêg.

Biyang Tumpak: Suwêng rong rakit niki dirêgani pintên.

Biyang Sênèn: Sing dhapur grompol niku dirêgani satus sêwidak rupiyah putih, sing dhapur urang ayu rongatus.

Biyang Tumpak: Kokehan olèhe ngrêgani, môngsa payua dika <99> tawakake sêmontên. Murwatan kula sing dhapur grompol niki 80 rupiyah, sing dhapur urangayu 120, awit intêne okèh sing cacad.

Biyang Sênèn: Murwatan kula ênggih mung sêmontên. Nanging êmpun dipancêd têng sing duwe, yèn botên payu sêmontên inggih êmpun.

Biyang Tumpak: Mungguh barang sing dika kêmpit niku yèn sore dika ulihake têng sing duwe napa dika inêpake ing omah dika.

--- 51 ---

Biyang Sênèn: Kula ulihake têng kang duwe, botên tau kula inêpake, awit wong omah ing kêjawan niku okèh mutawatire bab gêni, kècu utawa maling, yèn nganti kêtiwasan sing kula gawe têmpuh napa.

Biyang Tumpak: Dika napa êmpun payon.

Biyang Sênèn: Têlung dina niki kula botên payon-payon, suwêng urangayu niki wau diênyang 100 rupiyah ngrolas uwang têng Mas Ajêng Sêrsa, kula tutur, yèn êmpun dipancêd têng kang duwe, botên kêna kurang saka ing rêga rongatus rupiyah gêlindhing.

Biyang Tumpak: Botên payu, bok ayu, yèn sêmontên. Angur dika ulihake mawon têng sing duwe.

Biyang Sênèn: Karêp kula ênggih mêkotên.

Biyang Tumpak: Lah nika anak dika Si Jêbrag têka. <100>

Biyang Sênèn: Kêpriye êbèng, olèhmu dak kongkon ngulihake suwêng, dene nganti suwe.

Jêbrag: Sampun dipun tampèni dhatêng Mas Ajêng Citra piyambak. Milanipun kula ngantos dangu, mas ajênge botên wontên ing griya, dados kula antosi.

Biyang Sênèn: Sukur ênggèr, mas ajênge apa ora mêmêkas.

Jêbrag: Inggih êmbok. Sampeyan benjing-enjing dipun wêlingakên mrika, ambêktaa sêngkang dhapur grompol ingkang sampun kaawis rumiyin.

Biyang Sênèn: Dawêg bok ayu, padha mulih.

Biyang Tumpak: Dawêg.

33. samenspraak van een Pangeran met een Bêlantik, in Ngoko en Kråmå

Pangeran: Lho, dene iku kowe Kêrtawijaya, têka jêbul dadi bêlantik. Kowe rak pêmbarêpe Si Ngabèi Wôngsawijaya.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, inggih bêndara, milanipun kula anglampahi dados bêlantik, amêrgi saking tiwas kula, botên sagêd ngupajiwa sanèsipun.

Pangeran: Sabab dening apa kowe ora anggêntèni lêlakone bapakmu, <101> awit kowe anake pêmbarêp kang duwe wajib anggêntèni kêpriyayèning bapa, yèn bapa iku ora dosa ing nêgara.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, kêrsanipun pêrentah abdi dalêm sêdhèrèk kula ênèm ingkang kagêntosakên dhatêng lêlampahanipun abdi dalêm pun bapa, amêrgi ngajalipun abdi dalêm pun bapa atilar sambutan kathah dhatêng Wêlandi sêrta dhatêng

--- 52 ---

Cina, punapa malih dhatêng sami Jawi, kula botên kêdugi anyauri, sêdhèrèk kula ênèm ingkang kêdugi, mila punika ingkang kagêntosakên dhatêng lêlampahanipun abdi dalêm pun bapa.

Pangeran: Sênajan mêngkonoa, bok kowe aja dadi bêlantik. Ngèngèr sêdulurmu ênom apa ora luwih priyoga, bokmênawa iku bisa mapanake awakmu, anggêre têpungmu bêcik.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, mênawi badan kula piyambak, kados botên èwêd angèngèr sêdhèrèk. Ananging anukanak. kula kathah, kados kawratan yèn dadosa damêlipun ing sêdhèrèk sêdaya, amêrgi sêdhèrèk kula botên sugih, mila ing sasagêd-sagêd kula upadosakên têdha piyambak.

Pangeran: Anakmu pira.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, anak kula sêdaya nêmbêlas, ingkang gêsang namung kantun kalih wêlas, sami èstri sêdaya.

Pangeran: Ombol têmên wong duwe anak nganti rolas, môngka wadon kabèh, <102> bocah sêmono kèhe iku biyunge pira, lan apa durung ana kang mêntas.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, biyungipun namung sêtunggil sêrta dèrèng wontên ingkang mêntas.

Pangeran: Mulane aku ngundang bêlantik, aku golèk jaran rakitan kreta papat, kang irêng pancal panggung, saprene durung olèh, iku bokmênawa kowe bisa anggolèkake.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, wontên angèlipun angupados kapal rakitan ingkang kados kêrsa dalêm punika, ewadèntên kula inggih sêndika anglampahi kêrsa dalêm.

Pangeran: Iya dhasar angèl. Ing Katangan ana wong duwe loro, dhuwur lan dhapure padha, nanging sing siji wis bangêt tuwane, sing siji lagi rampas. Dadi sing lagi rampas iku dak sêngkêr, bakal dak golèkake gênêpe papat, jênênge sing duwe Si Nayawindu, karêpku jaran iku dêlêngên supaya kowe bisa angupayakake gênêpe, aja nganti gèsèh bangêt mungguhing dhapur, rupa, dhuwur lan umure.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, inggih sêndika, kula inggih sampun têpang dhatêng abdi dalêm pun Nayawindu, kalanipun têksih lumampah ing damêl anama Mas Ngabèi Dutapralabda.

Pangeran: Maune dadi priyayi apa.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, dados abdi dalêm pênèwu gandhèk. <103>

--- 53 ---

Pangeran: Sabab dening apa mari dadi priyayi, sêrta ngalih jênêng Nayawindu.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, anggènipun kaundur amêrgi saking purun-purun angaturakên prêkawis, konjuk ing sampeyan dalêm, botên mêdal saking lêlurah bêbêkêlipun. Wondening ênggènipun ngalih nama wau, duka dalêm sababipun.

Pangeran: Lah apa dhèwèke ora sumurup yèn wong ora kêna ngaturake prêkara konjuk ing sampeyan dalêm, yèn ora mêtu saka ing lêlurah bêbêkêle.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, kados inggih sumêrêp. Nanging bokmênawi lurah bêbêkêlipun amakèwêd, mila ngantos mêdal tekadipun purun anêrak anggêring nêgari, pêngraosipun môngsa amanggiha kalêpatan, amêrgi saking dipun pêkèwêd wau.

Pangeran: Besuk apa olèhmu bakal mênyang ing Katangan andêlêng jarane Si Nayawindu.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, mênawi sampun têrang timbalan dalêm, ing sapunika kula lajêng kemawon.

Pangeran: Lah iya, samôngsa wus kodêlêng, banjur prêlokna karêpku iku mau.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, inggih sêndika, kula nyuwun lilah dalêm badhe mundur.

Pangeran: Iya.

34. samenspraak van een landheer met een Dêmang, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: Dêmang, wong desamu saiki têka akèh sing padha bubar, ngalih omah mênyang desa liyane, iku sabab dening apa.

Dêmang Brajadênta: Sababipun bibar punika rumiyin sampun kula pratelakakên ing sampeyan. Botên liya namung saking kawratan ing damêl, ingkang sêpisan anggarap radinan, kaping kalih dhangir sêrta macul ing pêkopèn, kaping tiga anggarap pêdamêlan wontên ing panggilingan gêndhis. Dados mèh botên kobêr sêsabin, môngka tiyang alit punika ingkang dipun prêlokakên namung sêsabin, awit punika ingkang dados panggêsanganipun.

Tuwan Anu: Anggarap pêgawean ana ing pêkopèn utawa ana ing panggilingan, apa ora nganggo dibayar.

Brajadênta: Inggih lêrês tuwan mawi dipun bayar, ananging pênggarapipun ing pêdamêlan [pêda...]

--- 54 ---

[...mêlan] rêkaos sangêt. Tiyang alit mêkatên, sênajan sêkêdhika pikantukipun, anggêr cêkap katêdha, eca manahipun sêrta sêkeca badanipun amêsthi têtêp <105> anggènipun agêgriya.

Tuwan Anu: Pêngrasaku rêkasa wong sêsawah kambi wong garap pêgawean ana ing pêkopèn utawa ana ing panggilingan.

Brajadênta: Kêsinggihan pêngandika sampeyan. Ananging sênajan rêkaosa, mêdal saking purunipun piyambak sêrta sampun dados garapan tuwin pêngupajiwanipun turun-tumurun. Mênggah anggarap pêdamêlan radinan tuwin wontên ing pêkopèn, punapa malih wontên ing panggilingan, tumindakipun ragi kapêksa, sabab pancèn dede garapanipun, kalihdening malih tiyang Jawi botên sagêd anglampahi kados bôngsa sampeyan Wêlandi, watonipun kêsèt sêrta kathah sêmbrananipun, botên kenging kapêrdi ing pêdamêlan kados Wêlandi, mila mênawi botên agêng maklum sampeyan, botên wande bibar sêdaya.

Tuwan Anu: Itungmu sing uwis padha lunga saka ing desa, kèhe pira kabèhe.

Brajadênta: Wiwit ing wulan Sura dumugi ing wulan Rabingulakir punika, dados salêbêtipun tigang wulan, etang kula ingkang sami kesah cacah sirah tiyang wolung dasa gangsal.

Tuwan Anu: Pawêrtane padha ngalih mênyang desa ing êndi.

Brajadênta: Pêngalihipun parênca, nanging kathah ingkang sami dhatêng tanah ing Sukawati.

Tuwan Anu: Saiki kêpriye rêmbugmu dêmang, aku manut sapratikêlmu, murih <106> gêlême mulih wong kang padha lunga iku.

Brajadênta: Inggih, kêjawi kacoba dipun ipuk, ananging kêdah sarèh sêrta kêdah kula sagahi, kaènthèngakên pêdamêlanipun. Mênawi botên kula jangjèni mêkatên, amêsthi botên purun mantuk.

Tuwan Anu: Iya dêmang, sakarêpmu aku miturut. Nanging prêlokna dhisik goleka uwong, kang ngrêmbang têbu lan ngusung pisan mênyang panggilingan dadi ya nyêngka bayarane, têmpuhên, awit aku sumêlang yèn têbune kêsêlak gabêng.

Brajadênta: Inggih tuwan, dhawah sampeyan punika badhe kula lampahi tumuntên. Sowan kula punika badhe prêtela ing sampeyan. Kêsêlak sampeyan dangu bab bibaripun tiyang alit. Kagungan sampeyan bêlo ingkang sampeyan titipakên dhatêng kula kala wau dalu pêjah.

Tuwan Anu: Lho, dene wingi esuk isih bêcak-bêcik, malah wis dak golèkake panêgar tak kon ambakali, apa kang dadi sababing patine.

--- 55 ---

Brajadênta: Duka sampeyan tuwan. Sawêg prêtelanipun abdi sampeyan gamêl, wau dalu botên purun nêdha, sêrta botên sagêd nguyuh. <107>

Tuwan Anu: Ya gene ora ana tuture mênyang aku.

Brajadênta: Wiwitipun sumêrêp yèn sakit, bêdhug dalu, sampeyan sampun sare, kula ajrih mungu.

Tuwan Anu: Gêtun bangêt aku dêmang, awit bêlo iku pêthèke bêcik, besuk manèh yèn ana apa-apa wayah bêngi, môngka aku wis turu, kowe aja wêdi anggugah.

Brajadênta: Inggih tuwan. Anggêr sampun sampeyan wênangakên kula saèstu anglampahi.

Tuwan Anu: Lan manèh dêmang, yèn wis rampung gawemu, aku golèkna wong siji kang bêcik tulisane, bakal dak gawe carik ngiras mulang Jawa marang anakku Si Yakob.

Brajadênta: Abdi sampeyan carik pun Sêstranaya punapa botên sampun priyogi sêratanipun tuwin anyêkapi kêsagêdanipun.

Tuwan Anu: Iya wis nyukupi, nanging bakal dak marèni, awit salawase rabi têlèdhèk dhèwèke madati, kêsèd sêrta sêmbranane bangêt, agawe muring-muringku sabên dina.

Brajadênta: Kula sawêg mirêng sapunika, yèn pun Sêstranaya madati, kalanipun ngabdi ing sampeyan enggal-enggalan anêtêpi salampah-lampahing santri, dados punika ewonipun tiyang nguyang sakit anggenjah pêjah. <108>

Tuwan Anu: Apa têgêse nguyang lara anggenjah pati.

Brajadênta: Têgêsipun nguyang sakit, tumbas sakit, anggenjah pêjah, ngenggalakên pêjah, punika kêdamêl ngibarat tiyang nêmaha dhatêng ing kêcilakan utawi dhatêng ing kêrisakan.

Tuwan Anu: Iya mêngkono. Olèhe madati iku durung lawas, kiraku saprene lagi ana têlung sasi, mulane manungsa iku ora kêna dipêsthèkake ajêge ing kêlakuane, wong ala bisa dadi bêcik, wong bêcik bisa dadi ala.

Brajadênta: Kasinggihan pêngandika sampeyan punika, sêdhèrèk kula pun Wirawôngsa, ingkang asring sampeyan utus tumbas inuman dhatêng Sêmawis kala rumiyin madati, malah sampun nate nglampahi ambêbegal, ing sapunika dados santri, malah botên nate kesah-kesah, andhuwêl wontên ing griya kemawon sêrta botên rêmên dhatêng sawêrnining kabingahan. Kula mangsuli kêrsa sampeyan bab carik wau, kula gadhah kêwanuhan ing carikan, sêratanipun priyogi, [pri...]

--- 56 ---

[...yogi,] nanging sampun ragi sêpuh, mênawi sampeyan kêrsa, sêrta tiyangipun purun, punika kemawon kula saosakên.

Tuwan Anu: Sênajan wis rada tuwa, anggêre ora kêsèd lan ora lêlaranên tuwin ora madati, aku arêp. Sêmono iku dak coba dhisik <109> condhong lan orane karo kêkarêpanaku.

Brajadênta: Inggih sampun têmtu mêkatên, sasumêrêp kula botên madati, manahipun burus. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani mundur.

Tuwan Anu: Iya, dêmang.

35. samenspraak van een heer met een Radèn Ngabêï in Kråmå, over het leeren van het Javaansch en de keenis van het Kawi bij de Javanen

Tuwan Anu: Sampeyan punapa têksih wilujêng, saudara.

Radèn Ngabèi Gunawan: Inggih wilujêng saudara.

Tuwan Anu: Kula wau sampun badhe dhatêng ing dalêm sampeyan kêpambêngan wontên tamu, sêdhèrèk kula jalêr ingkang wontên ing Sêmawis sakit, tirah mriki, dhatêngipun sawêg wau kemawon, kula pondhokakên wontên ing lotèng.

Gunawan: Sêdhèrèk sampeyan wontên ing Sêmawis nyêpêng pêdamêlan punapa.

Tuwan Anu: Botên nyêpêng pêdamêlan, namung nyudagar kemawon.

Gunawan: Ingkang dipun gêrahakên punapa.

Tuwan Anu: Panastis. Nanging sampun lami sêrta sakitipun angot-angotan, <110> yèn mantun botên ngantos sêdasa dalu utawi sêtêngah wulan lajêng sakit malih ngantos wulanan, mila tirah mêriki, bokmênawi sagêd mantun babar pisan. Suwawi sami lênggah saudara.

Gunawan: Sumôngga. Kêrsa sampeyan badhe pinarak dhatêng griya kula, punapa wontên prêlunipun.

Tuwan Anu: Ing atasipun kula inggih kêlêbêt prêlu.

Gunawan: Badhe wontên kêrsa sampeyan punapa.

Tuwan Anu: Yêktosipun kula punika badhe anggêguru têmbung Jawi akalihan Kawi dhatêng sampeyan, anggèn kula sinau Jawi sampun lami, nanging têksih kathah ingkang dèrèng kula sumêrêpi, yèn kula damêl sêrat, pangraos kula sampun sae, sarêng kula têdahakên dhatêng tiyang Jawi, awis ingkang sumêrêp kajêngipun. Dados kula anggadhahi pêmanah yèn dèrèng lêrês utawi têksih pêtêng,

--- 57 ---

saking kuwangsal-kuwangsulipun ing ukara, utawi saking botên lêrêsipun anggèn kula mijang-mijang êtraping têmbung, amêrgi saking kirang sumêrêp kula dhatêng beda-bedaning têmbung sêtunggil-sêtunggil.

Gunawan: Pêngraos kula sumêrêp sampeyan dhatêng têmbung Jawi sampun kathah, namung ukara sampeyan têksih kau,kaku. kirang urut sêrta alus, punika kawêstanan pêtêng, tiyang ingkang botên sumêrêp dhatêng kajêngipun dêdamêlan sampeyan sêrat <111> wau, bokmênawi dhasar saking bodhonipun, botên saking pêtênging sêrat.

Tuwan Anu: Yèn saking bodhonipun ingkang kula pintoni kados botên. Awit ingkang kula pintoni dêdamêlan kula sêrat, sami tiyang ikang sampun kasêbut sagêd sêdaya, sampeyan piyambak rumiyin inggih sampun kula têdahi sêrat dêdamêlan kula, lajêng sampeyan rampingakên.

Gunawan: Inggih, wau mila kula matur, yèn namung kirang urut sêrta alusipun kemawon. Sintên namanipun priyantun ingkang sampeyan pintoni dêdamêlan sampeyan sêrat.

Buwan Anu:Tuwan Anu. Sêtunggil Ngabèi Kawirêja, kalih Ngabèi Kawiswara, tiga Ngabèi Kawindra, sêkawan Ngabèi Kawiradya, gangsal Ngabèi Kawitana.

Gunawan: Mênawi priyantun gangsal punika amêstani pêtêng, kula botên sagêd mabêni, sabab sami pujôngga agêng sêdaya, ananging pêndugi kula sampeyan ingkang sêling-sêrap, priyantun gangsal wau amêstani kirang alus pênggalih sampeyan kawêstanan pêtêng. Wondening kêrsa sampeyan badhe anggêguru Jawi tuwin Kawi dhatêng kula, kula sakêlangkung dhangan. Ananging bokmênawi cuwa kêrsa sampeyan, awit kula dede pujôngga, têksih kathah kêkirangan kula ing bab têmbung Kawi, ewadèntên mênawi sampeyan nêrimah ing sasumêrêp kula, kula inggih bingah sampeyan guroni. <112>

Tuwan Anu: Kula botên nêdya dados pujôngga, yèn kula sagêd nyakêp sêpalihing kêsagêdan sampeyan kemawon, kula sampun nêrimah. Benjing punapa kêrsa sampeyan wiwit mulang kula.

Gunawan: Kula nyarah ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, kula badhe wiwit ing wulan ngajêng punika, nanging mugi sampeyan pêsthi wancinipun dhatêng kula ing dalêm sampeyan.

Gunawan: Kula mriyogèkakên enjing jam sanga ngantos dumugi jam sêwêlas.

Tuwan Anu: Punika sakêlangkung saking priyogi, wondening pitulung sampeyan dhatêng kula amêsthi botên ical, sasagêd-sagêd kula badhe malês ambingahakên galih sampeyan.

--- 58 ---

Gunawan: Mêkatên punika mugi sampun kagalih, mênggahing agêsang wajib têtulung dhatêng sêsamining tumitah, amadhangakên manah pêtêng, anglêjarakên ing kêprihatosan, sapênunggilanipun ingkang pantês dipun pitulungi.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang êtèh, saudara.

Gunawan: Inggih.

Tuwan Anu: Tiyang Jawi punika sumêrêpipun dhatêng Kawi kadospundi, dene ing ngriki botên wontên pêmulangan.

Gunawan: Aliya saking pujôngga, ing nêgari Surakêrta ngriki kenging kawêstanan <113> botên wontên ingkang sumêrêp ing Kawi, wondening ingkang sumêrêp ing Kawi punika, sami turunipun ing pujôngga kemawon. Dados kêsagêdanipun ing bab Kawi namung tumurun dhatêng anak putunipun piyambak. Tiyang Jawi ingkang dede turunipun ing pujôngga, awis-awis ingkang purun anggêguru Kawi, awit botên kangge kêdamêl wicantênan, kanggenipun namung wontên ing sêrat waosan. Kalih dening prêsasat botên wontên faedahipun, dados amrêlokakên anggènipun ngupajiwa, sanès kados bôngsa sampeyan Wêlandi, sami amêrdi pêncaring kagunan kawruh sêrta kêsagêdan, amêrgi dados kauntungan komuk sêrta kajènipun.

Tuwan Anu: Mênawi tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp ing Kawi, sabab dening punapa kathah ingkang rêmên maos sêrat. Punapa pêmurihipun.

Gunawan: Mênawi priyantun pamurihipun namung sumêrêpa ing cêriyos botên mawi anggalih wêrdining têmbung, mênawi têtiyang alit kathah-kathahipun namung kadamêl cagak êlèk sampun ngantos kêdhatêngan ing pandung, wondening ingkang sami maos wau kêlimrahanipun namung sumêrêp uruting cêriyos kemawon, dhatêng têmbungipun kathah ingkang botên sumêrêp. Sampun ingkang nama sêrat Kawi yèn sumêrêpa, sêrat jarwa kemawon awis ingkang sagêd mêrdèni, dados anggènipun golak-galok sadalu punika, lugunipun kêmit, suwênèh sade swara dhatêng tôngga-tangganipun, <114> supados kaalêma sagêd maos sêrta sae swaranipun.

Tuwan Anu: Kula sawêg mirêng saking pêngandika sampeyan punika, yèn tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp têmbungipun piyambak.

Gunawan: Saèstu yèn mêkatên. Kula piyambak sampun nate ngayoni pitakèn dhatêng têtiyang ingkang sami rêmên maos. Samukawis ingkang kula pitakènakên, botên sagêd nêrangakên. Mênawi wontên ingkang purun nêgêsi, inggih botên pêtitis, malah kathah ingkang kêlintu. Patih kula sangêt rêmên maos sêrat Menak. Pênuju piyambakipun maos, kula dhatêng, ingkang dipun waos sêrat Menak Lare, sêkaripun dhandhanggêndhis, wiwitanipun sêpada lingsa ungêl-ungêlanipun [ungê...]

--- 59 ---

[...l-ungêlanipun] mêkatên: sanggyaning kang panganjalyèng dasih. Kula pitakèni têgêsipun botên sumêrêp.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun ungêl-ungêlan mêkatên punika.

Gunawan: Têgêsipun: sakathahipun sêmbahing kawula.

Tuwan Anu: Kula eram mirêngakên pêngandika sampeyan punika, dene tiyang rêmên maos sêrat, kathah ingkang botên dipun sumêrêpi. <115>

Gunawan: Saèstu yèn mêkatên. Kados ta tiyang Jawi ingkang rêmên sêkar Agêng, kathah sagêd ngapilakên sêrat Rama utawi Bratayuda Kawi, saking kalih pada utawi tigang pada, pundi ingkang dipun rêmêni, ananging sumêrêpipun undha usuk kemawon akalihan patih kula wau. Ananging sampeyan sumêrêpa, kathah bôngsa kula tiyang Jawi ingkang sumagêd, asring purun miyagah têgêsing têmbung Kawi, supados kawêstanana sagêd, pamiyagahipun ngurut saking ukara, ananging awis pêtitisipun.

Tuwan Anu: Tiyang mêkatên punika yèn dadosa guru anasarakên muridipun.

Gunawan: Inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa ngêrsakakên êsês sêrutu.

Gunawan: Botên saudara, kula botên kuwawi ampêgipun, sirah kula lajêng mumêt kados tiyang mêndêm sata.

Tuwan Anu: Ingkang kula damêl wiwitan sinau Jawi, priyoginipun sêrat punapa.

Gunawan: Priyoginipun sêrat Babad Tanah Jawi, awit Kawinipun botên patos kathah.

Tuwan Anu: Sêrat Babad Tanah Jawi kula botên gadhah.

Gunawan: Kula gadhah, benjing-enjing kula kintunakên mêriki. Sampun dalu saudara, kula sampeyan lilani mundur. <116>

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

36. samenspraak van twee Bakoel's, in Madyå

Biyang Penjol: Kula niki diwêkasi lurik rôndha sêmaya karo lurik têbu sakêrêt têng Mas Dêmang Wiradôngsa ing Cangakan. Êmpun rong pasaran niki olèh kula golèk dèrèng olèh, napa dika duwe, bok ayu.

Biyang Soblêm: Lurik rôndha sêmaya kula duwe, lurik têbu sakêrêt botên, [botê...]

--- 60 ---

[...n,] nanging kula bisa ngolèhake, tôngga kula biyang Sèdhêt gajêge duwe, wikana êmpun payu, wikana dèrèng.

Biyang Penjol: Kula dêlênge lurik dika rôndha sêmaya.

Biyang Soblêm: Dawêg.

Biyang Penjol: Niki dika anjaluk pintên.

Biyang Soblêm: Satêmêne niku dede dagangan kula dhewe, sing duwe tôngga kula biyang Cathês, jalukane nêm rupiyah gobang.

Biyang Penjol: Tobil, aranglarang. têmên. Niki rak dhasar Jawa mawon.

Biyang Soblêm: Sing tutur sintên. Bok dika tamatake, ala-ala niku <117> mori.

Biyang Penjol: Napa inggih ta, mati-matia kula arani dhasar Jawa mawon.

Biyang Soblêm: Êmpun karuwan nèk mori, ontên dhasar Jawa kaya mêkotên.

Biyang Penjol: Rongpuluh uwang dika napa awèh.

Biyang Soblêm: Ambakna wong nganyang-anyang, têka sêkêcoh-kêcohe bae. Dawêg, dika duwe sadhengah lurik sing kaya mêkètên aluse, ontêna sêkodhi, kula tukune ngêrongpuluh uwang, utawa lurik dika kêpyur niku tur dhasar Jawa napa dika awèh kula tuku rongpuluh uwang.

Biyang Penjol: Êmpun ta, kula punjuli limang uwang.

Biyang Soblêm: Botên. Yèn botên payu patang puluh uwang, sing duwe botên awèh kula êculake.

Biyang Penjol: Ênggih êmpun ta, kula tuku sêmontên, nanging dika sing beya.

Biyang Soblêm: Beyane pintên ta.

Biyang Penjol: Wikana, duga kula kèh-kèhe ênggih suwang, lah niku Cinane sing mupu linggih èntên ing bango, dika takon dhewe.

Biyang Soblêm: Yèn ukur suwang sapêngisor. Kula gêlêm nyôngga beyane. <118> Niku Cina pranakan napa Cina singkèk.

Biyang Penjol: Napa dika dèrèng tau wêruh babahe niku, rak êmpun kêtara rupane yèn Cina pranakan.

Biyang Soblêm: Wêruh kula mung Cina tuwa, kang jênêng Babah Tekong, yèn babahe niku kula lagi wêruh saniki mawon. Kula satêmêne rak wêdi têng Cina singkèk. Yèn cêlathu botên bisa lirih, nganggo surawean. Kambi cok sêling surup saking botên ngêrtine Jawa.

--- 61 ---

Biyang Penjol: Kula ênggih mêkotên. Yèn êmpuna cok kapêksa bêbeya, botên sudi caturan kambi Cina singkèk. Kêjabane yèn cêlathu botên bisa lirih kambi surawean kurangajare bangêt.

Biyang Soblêm: Babah, lurik niki beyane pintên.

Cina mupu beya: Wolung dhuwit.

Biyang Soblêm: Dawêg.

Biyang Penjol: Dika beyani pintên niki wau bok ayu.

Biyang Soblêm: Wolung dhuwit.

Biyang Penjol: Botên adoh karo pêthèk kula wau. O dhuwite <119> kurang, bok ayu, bok dika tampani dhisik. Mêngko têkan ngomah kula gênêpi, mung kurang têlu tèng, dawêg ta dika widèni.

Biyang Soblêm: Inggih, êmpun bênêr kurang têlung tèng, besuk Êpon mawon dika gênêpi, kula mêngke arêp lunga têng Bêkonang, diwêkaske anak kula mantu ulih kula besuk Êpon.

Biyang Penjol: Ontên gawene napa bok ayu.

Biyang Soblêm: Kula niki bok ayu, satêmêne mawon purik, botên tahan ontên ngomah.

Biyang Penjol: Napa dika padu karo bojo dika.

Biyang Soblêm: Bêgja yèn padu mawon. Êmpun lumrahe wong salaki rabi niku padu, larane ati kula niki amêrga diwayuh, kula botên bisa rukun kambi maru.

Biyang Penjol: Kula lagi kêprungon saniki yèn bojo dika rabi malih.

Biyang Soblêm: Layak mawon dika dèrèng kêprungon, awit olèhe rabi lagi ontên karo têngah sasi niki.

Biyang Penjol: Wong ing pundi maru dika niku.

Biyang Soblêm: Wong ing desa Pijenan, anake paman Jawôngsa, dadi karo kula prênah nak-sanak. <120>

Biyang Penjol: Kula niki inggih diwayuh têng pakane si thole, nanging botên dadi larane ati kula, sabisa-bisa kula êmong maru kula, pênganggêpe têng kula bêcik sêrta pakane si thole wuwuh tisnane têng kula, awit sakajênge kula turuti.

Biyang Soblêm: Kula botên bisa, bok ayu nglakoni kaya dika, ati kula panas mawon, awit pênganggêpe têng kula botên kaya maru, êmpun kaya têng batur, rèhne kula bojo kawitan, lan kêprênah tuwa, dadi botên bisa [bi...]

--- 62 ---

[...sa] nyêlondhohi, yèn ta bêcika pênganggêpe, kula ênggih nêrima, bok diwayuha sêlawe prah, môngsa dadia larane ati kula, anggêr têpunge mawon bêcik.

Biyang Penjol: Maru kula niku wiwitane ênggih mêkotên pangrêngkuhe têng kula, nanging kula kalahi mawon. Lawas-lawas mêtu dhewe kaelingane bêcik, banjur rukun karo kula sapriki.

Biyang Soblêm: Rak arang wong wadon kaya dika, bok ayu, sèwu mongsok ontêna siji, ati kula botên kêna kula sarèhake, kaya ambêlêdhos-ambêlêdhosa, kudu ngulêng mawon têng bojo kula.

Biyang Penjol: Lah niku êmpun mêkotên, bok ayu, basa wong wadon niku khaking bojo, rumôngsaa kawêsesa, sakarêpe diturutana, wêkasan bêcik dadine, dika turuta pitutur kula niku amêsthi bêcike têpunge <121> maru dika lan muwuh tisnaning bojo têng dika.

Biyang Soblêm: Ênggih, bok ayu, kula lakonane pratikêl dika niku, nanging saniki kula botên bisa, ati kula botên kêna kula sarèhake, awit wau kula mêntas padu karo maru, êmpuna diadhangi si êmbok, duga kula sida ulêng. Êmpun, bok ayu, kula banjur têng Bêkonang.

Biyang Penjol: Rowang dika mêlaku sintên.

Biyang Soblêm: Dhewe mawon.

Biyang Penjol: Bok êmpun mêlaku dhewe, mênèk dibegal ing uwong, saniki okèh begalan.

Biyang Soblêm: Dibegal ênggih êmpun bêgjane, yèn dhasar êmpun pêsthine nêmu bilai, môngsa kênaa disingkiri.

Biyang Penjol: Lah ênggih êmpun ta, sakarêp dika, kula nyangoni sêlamêt mawon.

Biyang Soblêm: Ênggih, bok ayu, dika kari sêlamêt.

37. samenspraak van twee Javanen, in Madyå

Naya: Dika salawase ontên ing pundi kang, êmpun rong pêncorong niki <122> kula botên tumon-tumon têng dika, eling kula wêkasane kula kêtêmu dika, dhèk dika nonton wayang Cina ontên ing ngarêpan klênthèng.

Dita: Saêmpune niku, kula rak kêtêmu dika malih ontên ing omahe uwa Janala.

--- 63 ---

Naya: E ênggih, malah ulih kula barêng karo dika.

Dita: Kula niki lunga têng Sêmarang, banjur têng Têgal. Ontên ngriku kula dicêkêl, digawa têng kantor, banjur diêrès.

Naya: Lho, sababe napa dika dicêkêl.

Dita: Dupèh kula botên anggawa êpas.

Naya: Lah, napaa dika botên anggawa êpas. Napa dika botên dhèngêr yèn wong lungan kudu anggawa êpas.

Dita: Ênggih êmpun dhèngêr, nanging rèhne kula botên anggêgawa, kêjabane mung sangu kula ing dalan. Pêngrasa kula botên susah anjaluk êpas.

Naya: Lah niku botên mêkotên sing dadi pêrentah, sênajan lêgeha, anggêr lunga ngambah bawah liyan, amêsthi kudu nganggo êpas. Sabab êpas niku pratôndha yèn lakune têrang, dede wong minggat.

Dita: Wong êmpun kêluputan mêkotên, ênggih êmpun bênêre kêna ing patrapan. <123> Kula ontên ing Têgal didangu ing prentah, ênggih blaka mawon, kaya tutur kula têng dika wau, saêmpune kula diêrès suwêngi, esuke diulihake mênyang Sala, dijujugake ing kantor, banjur dipasrahake mênyang kêpatihan. Esuke malih kula dipasrahake têng lêlurah kula.

Naya: Lah laku dika saka ing ngriki tutug ing Sêmarang têka sêlamêt botên ontên sing ngandhêg.

Dita: Olèh kula sêlamêt niku duga kula mawon, awit kula mêlaku bêngi.

Naya: Dadi olèh dika lumaku bêngi niku amurih êmpun nganti kawruhan yèn botên anggawa êpas.

Dita: Botên dhi, mung murih kêpenaking laku, awit pênuju padhang rêmbulan. Yèn lumaku rina panase bangêt.

Naya: Konangane ontên ing Têgal yèn dika botên anggawa êpas pripun.

Dita: Kula lagi nganyang lurik ontên ing pasar, botên suwe ontên priyayi têka, mandhêk ing ênggon kula nganyang lurik wau, kula diingêtake banjur ditakoni jênêng lan omah kula, kula blaka mawon, barêng nakokake layang êpas, kula botên bisa nuduhake, kula banjur diirid têng kantor.

Naya: Wêruhe yèn dika niku wong saka ing nêgara liyan pripun. <124>

Dita: Duga kula saka ing pênganggo lan cêlathu kula, awit beda kambi wong ing Têgal, dadine kêtara mawon yèn dede wong ngriku.

Naya: Ing Sêmarang niku gêdhe pundi karo ing Sala.

--- 64 ---

Dita: Yèn kula andêlêng kehing omah Wêlônda lan Pacinane, wêtara kula gêdhe ing Sêmarang, reta kang lunga têka pirang-pirang, wonge andêlidir mawon, tontonane okèh, ewadene kula botên kêrasan omaha ontên ing Sêmarang.

Naya: Kula niki kêpingin lajêng wêruh ing Sêmarang, nanging awang-awangên dohe.

Dita: Adoh sêpintên. Yèn dika lumaku enak-enakan têlung dina têkan, yèn dika kêncêngake rong dina mawon têkan, sêmontên niku yèn dika botên anggawa pikulan.

Naya: Yèn dika lakoni rong dina, pênginêpane ing pundi.

Dita: Saka ing ngriki nginêp ing Salatiga, utawa ing Kalicacing, yèn dika mangkat êbyar, wayah tunggang gunung utawa surup têkan. Sêmontên niku yèn dika botên kêrêp lèrèn, saka ing Salatiga dika mangkat êbyar, asar têkan ing Sêmarang.

Naya: Dadi adoh saka ing ngriki têng Salatiga karo saka ing Salatiga têng Sêmarang.

Dita: Inggih, duga kula kacèke karo têngah onjotan. <125>

Naya: Kula duwe sêdulur nak-sanak ing Sêmarang, jênênge Cadrana, dadi upase tuwan sukêtaris, êmpun kêrêp kula diwêkasake têng Sêmarang, kula sêmayani mawon. Olèh-olèh dika saka ing Sêmarang napa.

Dita: Olèh kula bisa anggawa olèh-olèh pripun. Wong ulih kula kaya lakuning lêlaran. Sêja kula anggawa lurik saka ing Têgal, awit lurike bêcik-bêcik lan murah-murah, lagi kula anyang kula banjur digawa têng kantor, dadi olèh kula lunga rong sasi niku kêlêbu ing bêbasan anrangwèsthi.

Naya: Ênggih mêkotên, awit dika êmpun dhèngêr, yèn wong lêlungan kudu anggawa êpas. Môngka dika nêmaha botên anggawa, dadi anêrak pêrentah.

Dita: Ênggih dhi, bangêt gêtun kula, salawas kula urip dèrèng tau dadi lêlaran. Lagi sêpisan niku, saniki kula êmpun kapok. Tujune mung diulihake mawon. Upama nganti diukuma pripun.

Naya: Besuk malih dika êmpun sêmbrana mêkotên.

Dita: Kula êmpun kapok têmênan. Ênggih bênêr kula botên dosa ing nêgara, kêluputan kula mung botên anggawa êpas. Nanging wong diiringake kaya <126> lakuning lêlaran ngisin-ngisinake.

Naya: Ênggih ta. Dika wau ajêng têng pundi.

Dita: Ajêng tilik si uwa Janala, wêrtane lara.

--- 65 ---

Naya: Kula ênggih ajêng mrika.

Dita: Dawêg barêngan.

Naya: Dawêg.

30. samenspraak van drie Bakoel's, in Madyå

Biyang Sukra: Dawêg, bok ayu, padha lèrèn ngisor asêm ngriku, panase bangêt.

Biyang Dite: Dawêg, sikil kula kaya mêlocot-mêlocota, ngambah wêdhi niku wau.

Biyang Jithêng: Kula ênggih milu lèrèn ngriku, sikil kula kiwa wau kêsandhung ing watu, larane botên jamak.

Biyang Sukra: Mulane sasuwene kula dêlêng, laku dika pincang. Kêmpitan dika napa bok ayu.

Biyang Jithêng: Ontên sêmbagi, ontên kacu gêmbaya, plangi, cindhe, limar, lurik tumênggungan.

Biyang Sukra: Kula dêlênge lurik dika tumênggungan.

Biyang Jithêng: Dawêg.

Biyang Sukra: Niki dirêgani pintên.

Biyang Jithêng: Sing dika cêkêl niku dirêgani wolung rupiyah gobang, sijine niku <127> kêpitu têbah, ênggih rupiyah gobang.

Biyang Sukra: Kula niki diwêkasi lurik tumênggungan têng Mas Ajêng Gunawan ênggih êmpun kula olèhake, nanging pênganyange murah-murah mawon. Ontên lurik aluse kaya duwèk dika niki, dianyang têlung puluh uwang, bola-bali kula mrika anggawa lurik kang kaya niki, ênggih botên mundhak-mundhak pênganyange sêmontên mawon. Sing rada wadhag kaya lurik dika, kang rêga kêpitu têbah niku, dianyang limalas uwang, nganti kêsêl olèh kula bola-bali botên sida-sida dituku.

Biyang Dite: Mas Ajêng Gunawan niku yèn têtuku kudu olèh murah, yèn adol kudu larang, kula sêngiyèn ênggih êmpun diwêkasi suwêng bèjèn sêrakit sing rêga limang atus. Kula golèkake olèh, barêng kula gawa mrika, mung dianyang wolung puluh, sêmontên niku ajêng diutang.

Biyang Jithêng: Dhasar mêkotên, bok ayu, Mas Ajêng Gunawan niku, yèn tuku kudu olèh murah, yèn adol kudu larang, lah niki kula dikon ngêdolake ali-aline mirah dirêgani satus rupiyah glindhing murwatan kula,

--- 66 ---

kèh-kèhe mung rêga têlung puluh, sabên sore yèn kula atêrake mulih, kula awadake botên ontên sing ajêng, kula nawakake isin. Môngsa wurunga <128> digêguyu ing uwong, diarani wong owah.

Biyang Sukra: Pundi bok ayu, kula ajêng wêruh rupane.

Biyang Jithêng: Lah niki napa.

Biyang Sukra: Niki dirêgani satus rupiyah glindhing, bok ayu.

Biyang Jithêng: Ênggih.

Biyang Sukra: Bênêr olèh dika isin nawakake, murwatan dika têlung puluh, wau kula tasih ngarani kokehan, wong sing ajêng nganggo ngaya mung wani tuku rongpuluh rupiyah.

Biyang Dite: Pundi bok ayu, kula dêlênge.

Biyang Sukra: Dawêg.

Biyang Dite: Bênêr dika bok ayu, wani kulukula. tuku niki ênggih mung rongpuluh rupiyah, mulane mêkotên, mirahe kang sisih dhêkok lan êmbane êmas ênom. Lah bok dika ulihake mawon môngsa payua.

Biyang Jithêng: Êmpun kula ulihake, esuke digawakake malih, itung kula saniki êmpun têlung sasi olèh kula ngêmpit.

Biyang Sukra: Yèn êmpun dika ulihake, bok êmpun dika parani malih.

Biyang Jithêng: Niku ênggih mêkotên. Nanging yèn botên kula parani, lupute <129> kula diundang, ênggih ali-aline diatêrake têng omah kula.

Biyang Dite: Lah ênggih êmpun dika simpêni ing bèsèk mawon, lawas-lawas rak dijaluk dhewe.

Biyang Sukra: Êmpun bok ayu, botên sida olèh kula ajêng anggawa lurik dika niki, mundhak ngêbot-êboti gendhongan, môngsa sidaa dituku, plangi dika niku rêga pintên.

Biyang Jithêng: Niki olèh kula ngayuh saka ing tôngga kula, tawane sêpuluh rupiyah ngrolas uwang.

Biyang Sukra: Kula dêlênge.

Biyang Jithêng: Dawêg.

Biyang Sukra: Dawa ômba, nanging rada nyêmèmrèng, rupane têka kaya êmpun kanggo.

Biyang Jithêng: Dèrèng, tasih tigas.

Biyang Sukra: Bok Mas Kawirêja golèk plangi kaya mêkètên, coba dika parakake mêrika, yèn dèrèng olèh, niki mêsthi dituku.

--- 67 ---

Biyang Jithêng: Ênggih mêngke nek êmpun mari sayah, kula prikakake.

Biyang Dite: Dika napa anggawa kinang, bok ayu, salêpa kula kothong, isine êntèk mawut ontên ing pasar Êpon. <130>

Biyang Jithêng: Anggawa, dawêg dika nginang. Napaa isine salêpa dika mawut.

Biyang Dite: Wau kula ontên ing pasar Êpon, ambênêri ajêng nginang, kêtêkan Cina singkèk, wikana jênênge, kula ditujah utang limalas uwang, kula botên rumôngsa utang, êmpun sing utang, wêruh mawon têng Cina niku lagi wau, nanging mêksa kula ditagih, karo briga-brigi, buntêlan kula niki ajêng diêpèk kula rêbut. Si Cina ajêng nabok, salêpa kula kêsampar ing sikile, dadi isine mawut. Tujune bojo kula ambênêri têka, nyikêp Si Cina saka ing buri, êmpuna mêkotên, inggih êmbuh-êmbuhan mawon wau.

Biyang Jithêng: Si Cina bapang disikêp ing bojo dika pripun.

Biyang Dite: Ênggih budi kêroncalan, nanging banjur dibanting, sêdhela ing pasar Êpon gègèr, disêngguh wontên wong ngamuk. Kira kula mawon ontên wong sing utang, madha rupa karo kula.

Biyang Sukra: Layake mawon Biyang Canthuk sing utang, niku okèh èmpêre karo dika, kacèk tuwa ngrika sêthithik.

Biyang Dite: Barêng êmpun dibanting, banjur tangi, lajêng ngrêbut kêrise bojo kula, nuli diukêl kucire, Si Cina bêngok-bêngok botên bisa polah, barêng <131> diêculake, banjur nginthar kambi mêmisuh, tasih kêngkêng ngarani kula utang, ajêng dilapurake têng kantor.

Biyang Jithêng: Dadine dika niku dhapur kêsanja baya, Si Cina kêlêbu wong matang tuna numbak luput.

Biyang Dite: Ênggih mêkotên. Wong botên ngubêngake jôntra, têka kêtêkan ing Cina edan.

Biyang Sukra: Bok ayu Jithêng, dika napa êmpun pêgatan karo bojo dika.

Biyang Jithêng: Dèrèng pêgatan, lagi pisah kêbo mawon.

Biyang Sukra: Prêkarane napa, dene dika nganti lunga saka ing omah.

Biyang Jithêng: Prêkarane botên ontên, mung kula botên bisa ngladèni wong lanang, bojo kula niku sêrète gêdhe, tadhahe sêdina limang uwang, kêjaba pacitane, sêmôngsa kurang tadhahe, kula sing diuring-uring, kudu ngotên, kula mêsthi ngontênake dhuwit limang uwang, sabisa-bisa ênggih kula golèk-golèkake, anggêgadhèkake, utawa utang-utang têng tôngga, yèn botên olèh, [o...]

--- 68 ---

[...lèh,] banjur naboki, kula riyin disawat ing têdudanbêdudan = pipa kanggo nyêrèt. liyan bathuk kula nganti gêtihên. Sabên-sabên mêkotên mawon, dadi kula botên bisa nglakoni, mulane kula tinggal. Kula niki sadina dodol mulih sayah, cilike padu gêdhene ditaboki, sing gêlêm dadi kaplokan sintên, wong lanang <132> môngsa kuranga wong wadon, mêkotên ugi wong wadon môngsa kuranga wong lanang.

Biyang Sukra: Ênggih bok ayu, wong madati niku botên duwe tisna utawa wêlas têng anak bojo, yèn nuju kêtagihan, botên duwe dhuwit utawa dandanan, anake diurup pitike awèh mawon.

Biyang Jithêng: Cêlathu dika niku bênêr, kula êmpun kêrêp tumon wong sing mêkotên.

Biyang Dite: Dawêg padha mulih bok ayu.

Biyang Sukra: Dawêg. Dika dina saniki têng omahe Bok Mas Kawirêja, anggawa plangi wau.

Biyang Jithêng: Ênggih.

39. samespraak van een heer met een Ngabêï op reis, in Kråmå

Tuwan Anu: Saudara, ngajêng punika dhusun ing pundi.

Ngabèi Môndragupita: Punika dhusun ing Pajêdhêgan, lênggahipun RadèhRadèn. Bèi Wignyasêstra, abdi dalêm lurah carik.

Tuwan Anu: Bawah ing Surakêrta punapa bawah ing Nyayogyakêrta.

Môndragupita: Bawah dalêm ing Surakêrta.

Tuwan Anu: Tingalipun agêng, sêrta panggenanipun polatan uwitipun <133> kêlapa kathah.

Môndragupita: Inggih dhasar agêng, siti damêlipun tiyang nêmbêlas dados kawan jung.

Tuwan Anu: Paosipun mêdal pintên ing dalêm sêwulan.

Môndragupita: Mênawi nêgari ing Surakêrta, paosing siti dhusun ingkang waniwarni. yatra, botên mêdal wulanan. Kêlimrahanipun kawêdalakên têtêngahan Mulud akalihan Siyam, kêjawi paos ingkang wêrni uwos utawi lisah, punika wontên ingkang kawêdalakên nalanan.wulanan. Wondening siti dhusun ing Pajêdhêgan wau, paosipun ing dalêm sêtaun mêdal jung kalih dasa reyal anigang dasa uwang, dados siti kawan jung paosipun wolung dasa reyal.

Tuwan Anu: "Punapa sabên siti sajung paosipun kalih dasa reyal ing dalêm [da...]

--- 69 ---

[...lêm] sêtaun.

Môndragupita: Botên, tuwan. Wontên ingkang langkung saking sêmantên, wontên ingkang kirang, mawi-mawi awon saenipun ing siti.

Tuwan Anu: Ingkang dipun wêstani siti pangrêmbe punika punapa, saudara. <134>

Môndragupita: Sawêrninipun kagungan dalêm siti dhusun ingkang botên nyanggi paos yatra, namung nyanggi dhahar dalêm ingkang wêrni uwos, pijêtan, dhuku, wohan, sêdhah, sapênunggilanipun ingkang dados dhahar dalêm.

Tuwan Anu: Mênggah kagungan dalêm siti dhusun, ingkang nyanggi paos lisah, apu, gêndhis, sukêt, punapa inggih nama pangrêmbe.

Môndragupita: Inggih, punika ewonipun siti pangrêmbe.

Tuwan Anu: Punapa anggêr siti dhusun ingkang botên nyanggi paos yatra nama pangrêmbe.

Môndragupita: Inggih, mênawi kagungan dalêm ingkang sinuhun akalihan siti lênggah ing kadospatèn. Aliya saking punika botên nama pangrêmbe.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun pangrêmbe.

Môndragupita: Pangrêmbe punika têmbung Kawi, têgêsipun pasêmèn.

Tuwan Anu: Punapa purbanipun pangrêmbe.

Môndragupita: Purbanipun pangrêmbe, têgêsipun sêmi.

Tuwan Anu: Pangrêmbe wau nama têmbung punapa.

Môndragupita: Pangrêmbe punika nama têmbung kerata, têgêsipun kerata: pêncar, dados pangrêmbe wau pêncaran saking rêmbe.

Tuwan Anu: Sapunika kula sumêrêp. Mila kagungan dalêm siti dhusun ingkang nyanggi dhahar dalêm kawêstanan pangrêmbe, amêrgi sêsanggèn wau mêdal saking têtuwuhan. <135>

Môndragupita: Inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Ing wande ingkang wau kula ningali wontên dhapuripun kados bathok kumurêp, wêrninipun sêmu abrit. Punika punapa, saudara.

Môndragupita: Kados gêndhis jawi.

Tuwan Anu: Gêndhis jawi punika ingkang kadamêl punapa.

Môndragupita: Ingkang kadamêl gêndhis jawi kawan prêkawis, 1. lêgèn arèn, 2. lêgèn kêlapa, 3. lêgèn siwalan, 4. têbu, ingkang kathah gêndhis arèn, gêndhis kêlapa akalihan gêndhis têbu, gêndhis siwalan awis wontên.

Tuwan Anu: Punapa gêndhis jawi botên wontên ingkang pêthak kados gêndhis pasir.

--- 70 ---

Môndragupita: Botên wontên. Ingkang sae wêrninipun sêmu kuning, ngajêng punika wontên wande, suwawi sami kèndêl sêkêdhap supados sampeyan tamata dhatêng wêrninipun gêndhis jawi.

Tuwan Anu: Sumôngga.

Môndragupita: Lah punika wêrninipun gêndhis kêlapa. Ingkang tangkêpanipun alit-alit punika gêndhis têbu.

Tuwan Anu: Raosipun lêgi, nanging tung-tung asin. Eca gêndhisipun têbu.

Môndragupita: Inggih, gêndhis kêlapa punika dhasar tung-tung asin.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa ngêrsakakên ngunjuk anggur, kula wau sangu <136> kalih gêndul wontên ing kreta.

Môndragupita: Anggur abrit punapa anggur madhera.

Tuwan Anu: Ingkang anggur abrit sêgêndul, madhera sêgêndul.

Môndragupita: Kula nyuwun madheranipun kemawon, kaombe kalihan toya klapa sêgêr.

Tuwan Anu: Penjol, jupukna anggur madhera, kang ana ing kreta kono, sagêlase dhepok pisan.

Penjol: Inggih.

Tuwan Anu: Sumôngga, saudara.

Môndragupita: Inggih, kula kantun kemawon, sumôngga sampeyan mundhut rumiyin.

Tuwan Anu: Kula dèrèng ngayoni ngombe anggur madhera akalihan toya klapa, punapa eca, saudara.

Môndragupita: Mênawi kula, eca, sarèhning sampeyan dèrèng nate ngayoni, prayogi kacoba sêkêdhik kemawon rumiyin.

Tuwan Anu: Eca saudara, sumôngga sampeyan ngunjuk, kula sampun.

Môndragupita: Inggih.

Tuwan Anu: Suwawi sami mangkat, saudara.

Môndragupita: Sumôngga. <137>

Tuwan Anu: Ngajêng punika pos ing pundi.

Môndragupita: Punika pos ing Pawisan, ngajêngipun malih pos ing Kalitan.

Tuwan Anu: Dumuginipun ing nêgari Surakêrta kantun pintên pos, saudara.

--- 71 ---

Môndragupita: Namung kirang kalih pos, ingawisaning Pawisan. akalihan ing Kalitan wau.

Tuwan Anu: Tiyang lêlampah mênawi wontên rencangipun wicantênan, sêkeca sangêt.

Môndragupita: O inggih. Kaotipun kathah akalihan ingkang lumampah piyambak. Awit sadangunipun lumampah kêsambi wicantênan, botên patos kêraos sayah.

Tuwan Anu: Inggih.

Môndragupita: Anggur sampeyan madhera kêras. Sirah kula ragi kliyêng-kliyêng.

Tuwan Anu: Kados kêkathahên anggèn sampeyan ngunjuk. Kula botên kraos punapa-punapa.

Môndragupita: Kados inggih mêkatên. Pêngombe kula wau palihan kalih toyanipun kêlapa.

Tuwan Anu: Punapa punika pos ing Kalitan.

Môndragupita: Inggih tuwan.

Tuwan Anu: Mêrgi ingkang mêngidul punika anjog dhatêng pundi, saudara. <138>

Môndragupita: Anjog dhatêng Nyayogyakêrta.

Tuwan Anu: Kathah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan, yèn kula sampun dumugi ing nêgari sêrta sampun mantun sayah, kula badhe dhatêng ing dalêm sampeyan anyuwun sumêrêp ingkang dèrèng kula sumêrêpi.

Môndragupita: Sakêlangkung bingah kula, sampeyan badhe pinarak dhatêng griya kula, wondening kêrsa sampeyan badhe mundhut sumêrêp wau sakêlangkung andadosakên dhanganing manah kula.

Tuwan Anu: Dalêm sampeyan punapa têbih saking loji residhenan.

Môndragupita: Botên patos têbih. Punapa sampeyan badhe mondhok ing dalêmipun kangjêng tuwan residhèn.

Tuwan Anu: Inggih.

Môndragupita: Lah punika sampun kêtingal. Kula sampeyan lilani mêdhun ing ngriki kemawon.

Tuwan Anu: Punapa botên kêtêbihên, sampeyan tindak dharat saking ngriki dumugi ing dalêm sampeyan.

Môndragupita: Botên tuwan, kalih dening punika kapal kula kapêthukakên.

Tuwan Anu: Inggih sumôngga sakêrsa sampeyan.

--- 72 ---

Môndragupita: Tabe, tuwan.

Tuwan Anu: Tabe, saudara.

40. samenspraak van een Pangeran met twee bejaarde Javanen van minderen stand, in Madyå en Kråmå, onder anderen over de goede en slechte teekens in het haar van paarden

Pangeran: Lho, si paman. Kasêrira wau saka ing pundi, dene awan-awan. <139>

Wirawôngsa: Kula nuwun, kula saking ningali tiyang jêmparingan. Kêpingin badhe tumut, nanging botên gadhah jêmparing, mênawi panjênêngan dalêm parêng, kula nyuwun jêmparing ingkang sampun botên kagêm kemawon sagêndhewanipun.

Pangeran: Gêndhewa kula mung siji niki, panah kula rong lakon. Dawêg sêlakon edhang. Kalangane ing pundi, paman.

Wirawôngsa: Kula nuwun, kambênganipun ingkang agêng kalih ênggèn, sêtunggil ing alun-alun, sêtunggilipun ing Mangkunêgaran. Ing alun-alun punika pêndhak sontên kemawon, ing Mangkunêgaran enjing sontên, têrkadhang ngantos sadintên muput.

Pangeran: Apa akèh wong kang padha nglurug. Ing Mangkunêgaran niku nganti pintên gêndhewa.

Wirawôngsa: Kula nuwun, inggih kathah, kêjawi saking tiyang nglurug, para sêntana tuwin para abdi sami kapêrdi tumut jêmparingan. Dados kêdhik-kêdhikipun ngantos kalih dasa gêndhewa, têrkadhang ngantos kawan dasa gêndhewa.

Pangeran: Yèn mêkotên, pênduga kula okèh panah kang padha rusak, <140> awit kêtiban ing padha panah, tuwin bocah kang nuthuki inggih okèh sing padha kêliru.

Wirawôngsa: Dhawah dalêm mêkatên punika kêsinggihan. Inggih sayêktos kathah jêmparing ingkang sami tugêl dêdêripun, sêrta ingkang pêcah nyênyêpipun, punapa malih risak êlaripun. Wondening jêmparing ingkang andhawahi wau inggih sami anjêbrèt bedhoripun.

Pangeran: Yèn mêkotên kula inggih kêpingin andêlêng, sabab padha-padha kêlangênan panahanipun ambungahake dhewe, sêrta botên kêna dibêkiwiti, mung yèn jedok ngisin-isini, yèn nuju mencok ing êndhas pelesan, ambungahake bangêt. Si paman Surakrama, kuwe dak undang rada esuk jêbul awan têmên olèhmu têka, kang sêrira wau andadak napa paman.

Surakrama: Kula nuwun, abdi dalêm kula kapambêngan amanggihi utusanipun [utusani...]

--- 73 ---

[...pun] rama dalêm Bêndara Pangeran Anu, amintokakên anggènipun ngêrsakakên tumbas titihan kapal, wêrninipun dragêm wêdalan ing timur, dados abdi dalêm kula mawi anêgari.

Pangeran: Napa bêcik lambe atine, paman, lan tunggangane napa kêpenak. Sêrta napa mulus botên ontên cirine.

Surakrama: Kula nuwun, tumpakanipun kêlêbêt sêkeca, lambenipun ènthèng, <141> namung manahipun bantêr, ing atasipun rama dalêm Bêndara Pangeran Anu kêbantêrên. Mênggah manginipun jangkêp, amung cacad kupingipun dawir.

Pangeran: O lah, yèn mêkotên olèhe ngarani si paman jaran wêton ing Timur wau kêliru, adat yèn kupinge dawir niku turene jaran sundêl laut. Dene nek jaran wêton ing Timur, utawa wêton ing Bima, niku têngêre cok dipêngêt janggêle lan dhuwure botên ontên kang patang kaki.

Surakrama: Abdi dalêm kula sawêg sumêrêp saking pêngandika dalêm punika, ingkang dados têngêripun kapal wêdalan ing tanah sabrang, ingkang wau kula wêstani sampun cacad dhasar.

Pangeran: Kula dhèk dèrèng dhèngêr ênggih mêkotên. Mulane jaran wêton ing Timur lan wêton ing Bima buntute botên bisa dawa, awit dipêthêt janggêle.

Surakrama: Kula nuwun, inggih. Kagungan dalêm titihan dragêm ingkang saking Tuwan Anu rumiyin punapa têksih.

Pangeran: Êmpun kula wèhake têng dêmang kula ing Cibukan, awit kula wêdi nunggangi, gilape bangêt, kula sêpisan ontên ing Bathangan mèh tiba, kula saka ing wetan ontên wong mêtu saka ing pomahan saloring dalan kambi anggawa payung, jaran kula anggiwar, êmpuna kula rikat anyandhak surine, amêsthi tiba. <142>

Surakrama: Kula nuwun, kapal mênawi gadhah cacad gilap sampun botên kenging dipun dandosi, bilih gilapipun sangêt, anêniwasi, asring andhawahakên. Kêjawi saking punika, tangyangtiyang. numpak kapal gilap kêdah wêweka kemawon, dados kirang bingahipun ingkang numpak.

Pangeran: Bêbutuhan paman, kula angur nuggang jaran sing bandhol kambi jaran gilap. Caturan banjaran, kula kèlingan, si paman napa êmpun wêruh jarane Babah Kwi Long, sing abang pancal pagung.panggung.

Surakrama: Kula nuwun, sampun.

Pangeran: Niku ajêng kula tuku, napa botên ontên cirine.

Surakrama: Kula nuwun, dhapuripun abdi dalêm kula rêmên, tumpakanipun sêkeca, [sê...]

--- 74 ---

[...keca,] ananging cirinipun tunggang taya.

Pangeran: Tunggang taya niku sing pundi, paman.

Surakrama: Kula nuwun, ingkang kawêstanan tunggang taya punika mathi wontên ing jalak.

Pangeran: Niku napa kêlêbu cacat gêdhe.

Surakrama: Kula nuwun, inggih, undha usuke mawon akalihan tadhah êluh.

Pangeran: Yèn mêkotên kula botên ajêng. Si paman napa apal jênênging mathi kang ala lan kang bêcik. Kula biyèn êmpun nyathêti, nanging ilang.

Surakrama: Kula nuwun, kêdhik-kêdhik inggih sumêrêp.

Pangeran: Jênênge mathi kang bêcik niku sing pundi.

Surakrama: Ingkang sae, 1. nilakôntha, 2. traju mas, 3. dewa <143> nglayang, 4. saka panggung, 5. jaga mungsuh, 6. sôngga buwana, 7. dara mangun tapa, 8. astha windu, 9. astha dama, 10. sabda tawang, 11. pujôngga ura-ura, 12. surènggana, 13. dhandhang lêksantara, 14. sandhang nyawa.

Pangeran: Mathi kang ala napa jênênge.

Surakrama: Ingkang awon, 1. dhandhang aring-aring, 2. bisu idu, 3. gônda saya, 4. ôndha mastaka, 5. brama lêbu gêni, 6. baya kapêthuk, 7. baya pala, 8. pala katunu, 9. tambang ngarsa, 10. tunggang taya, 11. sonyantaka, 12. barancah, 13. panggung rencog, 14. tadhah êluh, 15. turun tangis, 16. sôngga kalung, 17. gondrèk ngilo, 18. durga racun, 19. kalamôngsa, 20. satriya kapanah, 21. kêlabang anglèng, 22. pêndhêman upas. Punika èngêt-èngêtan kemawon.

Pangeran: Kula bok ditulisake jênênging mathi wau, sêrta dununge pisan.

Surakrama: Kula nuwun, inggih sandika.

Pangeran: Si paman wau kula undang, ajêng kula ajak ngrungokake prêkutut disambi ngombe wedang êtèh, sabab kula entuk prêkutut saka ing Blora, niku ajêng kula tandhing karo duwèk kula lawas kang saka ing Kêdhiri, si paman dhêmên <144> pundi, nanging saniki êmpun kawanên, êmpun lèrèn olèhe manggung, sesuk mawon si paman têkaa kang rada esuk.

Surakrama: Kula nuwun, inggih sandika. Mênawi sampun têrang dhawah dalêm, kula kalilana mundur.

Pangeran: Ênggih, paman.

--- 75 ---

Wirawôngsa: Kula inggih mugi kalilana mundur.

Pangeran: Ênggih, paman.

41. samenspraak van twee Javaansche vrouwen, en met de vrouw van een lombardhouder, in Madyå en Kråmå

Biyang Clili: Bok ayu. Rèhne dika biyèn milu ing salaku kula anggadhèkake pêndhok mas têng Nyai Laba, mulane nèk lêga ati dika, dika saniki kula ajak nêbus.

Biyang Cèkli: Nganggo kula dika ajak nêbus gawene napa, biyèn kula rak pênuju barêngan mawon karo dika ing omahe Nyai Laba, botên dika ajak anggadhèkake.

Biyang Clili: Ênggih êmpun bênêr, nanging rèhne Nyai Laba niku yèn anggêgadhe botên tau ditulisi, dadi cok rêgêjêgan karo wong kang anggadhèkake, <145> sing sêpisan bab pêngitunging sasi, kapindho pêngitunging buwahan, mulane dika kula ajak bokmênawa ontên sulayaning itung, dika bisaa ngrewangi ambênêrake.

Biyang Cèkli: Ênggih, bok ayu, botên kula ewuhake, yèn mêkotên mawon prêlune, eling kula olèh dika anggadhèkake dhèk Sêptu Paing tanggal ping 4 sasi Pasa taun Jimawal sing êmpun mati, dadi tutug ing sasi Jumadilakir taun Je niki êmpun sêpuluh sasi.

Biyang Clili: Eling kula inggih mêkotên, malah ambênêri ing Sêptu Paing wau anak kula Si Clili mulih saka ing desa.

Biyang Cèkli: Ênggih, barêng têkane anak dika wau kula malah ambênêri ontên ing omah dika, botên suwe dika banjur têng omahe Nyai Laba, barêngan karo kula.

Biyang Clili: Êmpun rujuk eling dika kambi eling kula, dawêg padha lumaku saniki.

Biyang Cèkli: Dawêg, nanging kula ajêng nginang dhisik.

Nyai Laba: Lho, dika Biyang Clili esuk-esuk têkan mriki.

Biyang Clili: Inggih, dhatêng kula punika badhe nêbus kandêlan kang wontên ing sampeyan.

Nyai Laba: Ênggih, mêngke kula jupukke. Lah niki napa pêndhoke, <146> eling kula olèh dika anggadhèkake biyèn dhèk sasi Pasa tanggal ênêm lupute tanggal ping pindho, ênggih tanggal ping têlu, itung kula sapriki êmpun sêwêlas sasi.

--- 76 ---

Biyang Clili: Angsal kula anggêntosakên kala tanggal ping 4 wulan Siyam, dintênipun Sêptu Paing, etang kula dumugi wulan Jumadilakir punika sawêg sêdasa wulan.

Nyai Laba: Luput itung dika niku, yèn Pasa sapriki êmpun sêwêlas sasi, dawêg dika itung dhewe.

Biyang Clili: Pasa, Sawal, Dulkangidah, Bêsar, Sura, Sapar, Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir. Sawêg sêdasa wulan nyai.

Nyai Laba: Sêpuluh sasi pisan, wong itung dika langkah sêsasi, Rabingulawal botên dika itung, mulud banjur dika candhakake têng Rabingulakir.

Biyang Clili: Sampeyan punika kadospundi nyai, Mulud kalih Rabingulawal punapa botên sami kemawon. Inggih Mulud inggih Rabingulawal.

Nyai Laba: Sing tutur sintên.

Biyang Clili: Kêlimrahanipun mêkatên. Yèn kados pêngetang sampeyan wau, dados sêtaunipun tiga wêlas wulan. Pripun bok ayu Cèkli bênêr kula, napa bênêr nyaine.

Biyang Clili: Sing êmpun kêlumrahan ênggih itung dika niku kang bênêr, Mulud kambi Rabingulawal niku padha mawon. Sasi siji jênênge loro, padhane sasi Sura <147> kambi Mukaram, Ruwah kambi Saban, Pasa kambi Ramêlan, Bêsar kambi Dulkijah utawa Dulkhaji. Punika nyai ingkang sampun kêlimrahan, etang sampeyan wau lêpat, Siyam dumugi Jumadilakir punika sawêg sêdasa wulan.

Nyai Laba: Napa mêkotên ta.

Biyang Cèkli: Inggih, mênawi sampeyan kirang pitajêng, mugi kamusawaratna.

Nyai Laba: Lah niku bojo kula têka, mêngko kula takokne, kyai, aku iki sasuwene rêbut udur karo Biyang Clili, prêkara olèhe anggadhèkake pêndhok mênyang aku, pênggadheku dhèk apa, tutug ing sasi Jumadilakir iki itungku wis sêwêlas sasi, Biyang Clili ngarani lagi sêpuluh sasi, iku bênêr sapa.

Kyai Laba: Bênêr sing ngarani sêpuluh sasi, pêngitungmu kêpriye, têka dadi sêwêlas sasi.

Nyai Laba: Pêngitungku mêngkene, Pasa, Sawal, Dulkangidah, Bêsar, Sura, Sapar, Mulud, Rabingulawal, Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir.

Kyai Laba: Lha kok dadi sêwêlas sasi, Mulude kapindhon, iya Rabingulawal iya Mulud.

Nyai Laba: Yèn mêngkono aku sing luput. Ênggih nyata bênêr dika, êmpun ta dika itung uwite lan bungahane, uwite pitung puluh lima, bungahane [bungaha...]

--- 77 ---

[...ne] <148> nyêtèngi sêsasi, itung kula sajroning sêpuluh sasi dadi têlung puluh sanga rupiyah gobang.

Biyang Clili: Botên ngantos sêmantên nyai, etang kula namung tigang dasa pitu langkung gangsal uwang.

Nyai Laba: Kêledhon dika niku, kula ajêng wêruh itung dika pripun.

Biyang Clili: Ingkang sêtèng-sêtèng kaping pitung dasa kemawon dados tigang rupiyah, langkung gangsal uwang, ingkang sêtèng-sêtèng kaping gangsal dados tiga tèng, yatra tiga tèng punika kawêwahan dhatêng ingkang gangsal uwang wau dados kêwolu tèng, dados yatra pitung dasa gangsal sarêmanipun sêwulan tigang rupiyah, langkung kêwolu tèng, ing dalêm sêdasa wulan gunggung tigang dasa pitu langkung gangsal uwang.

Nyai Laba: Têlung rupiyah ping sêpuluh pintên ta.

Biyang Clili: Tigang rupiyah kaping sêdasa dados tigang dasa rupiyah, napa botên mêkotên bok ayu Clili.

Biyang Cèkli: Ênggih.

Biyang Clili: Ingkang pitung uwang kaping sêdasa dados pitung dasa uwang, utawi pitung rupiyah gobang, kantun kang sêtèng-sêtèng kaping sêdasa, dados gangsal uwang, mila gunggunging sarêman tigang dasa pitu rupiyah, langkung gangsal uwang.

Nyai Laba: E ênggih, kula sing kêledhon.

Biyang Clili: Suwawi sampeyan widèni nyai.

Nyai Laba: Ênggih. Êmpun gênêp.

Biyang Clili: Mênawi sampun jangkêp, kula sampeyan lilani mantuk.

Nyai Laba: Ênggih. <149>

Biyang Cèkli: Kula sampeyan lilani mantuk, nyai.

Nyai Laba: Ênggih.

Biyang Clili: Tujune wau Kyai Laba têka tumuli, êmpuna mêkotên duga kula mawon botên enggal rampung, dika môngsa digugua, rak ditêrka ngiloni kula.

Biyang Cèkli: Ênggih mêkotên. Nanging kêjabane Nyai Laba okèh wong kang botên dhèngêr, yèn Rabingulawal niku padha kambi Mulud.

Biyang Clili: Tujune kula têka dhèngêr, êmpuna mêkotên, kêtêmpuhan bungahan sêsasi.

Biyang Cèkli: Napa pêndhok niku dede duwèk dika dhewe.

Biyang Clili: Dede, sing duwe Mas Ajêng Kawitana, êmpun wingi olèhe akon nêbus, nanging kula botên kobêr.

Biyang Cèkli: Êmpun bok ayu, kula ajêng mulih.

--- 78 ---

Biyang Clili: Ênggih.

42. samenspraak van twee Javanen, in Ngoko

Trunamênggala: Ênggonku mrene iki gawene rong prêkara, kang sêpisan nglari <150> sapiku, dhèk wingine digawa ing maling, kapindhone, arêp anjaluk gadarenamu, anakku wadon bakal dak êntas. Aku tukokna bakal sandhangane, tapih lan kêmbên kang rada bêcik, sêrta bêbêd lan ikêt bakal pêmapag.

Wiramênggala: Cêlathumu anjaluk gadarena iku, apa kowe anjaluk pêsumbang, apa bakal ngènèhi dhuwit, nyambat nukokake sandhangan. Yèn kowe nyambat, êndi dhuwite, mênawa kowe anjaluk pêsumbang iya ing saminatku bae, aja koarani mêngkono, sabab wong padha duwe anak dhewe-dhewe tur wis padha gêdhe lan amêsthi mikir wragad bakal pangêntase, kowe iya sumurup dhewe, yèn aku bakal duwe gawe, têka mêtu-mêtumu cêlathu anjaluk gadarena wong dhèknèn wêruh, yèn nganti ngabang bironi olèhku golèk bakal wragad. Paribasaning wong, anak karo sanak amêsthi abot anak.

Trunamênggala: Iyang, wong olèhku cêlathu durung tutug banjur kourugi kaya uwuh. Sapiku kang dak tuturake ilailang. kêmalingan mulih dhewe, dhèk mangkatku mrene mau, aku kêpapag sapiku ana ing Kêtandhan. Kiraku malinge digudag, awit pêdhète isih kari ana ing kandhang, wis lumrah sapi iku, yèn pêdhète isih cilik, ora kêna dipisahake.

Wiramênggala: Dhasar iya mêngkono, aku biyèn wis tau kêmalingan sapi sêpisan <151> pêdhète kari ana ing kandhang, antara rong dina sapi kang digawa ing maling iku mulih dhewe.

Trunamênggala: Dene bab jarit mau, ing sabisa-bisa aku bakal ngènèhi pêtukune mênyang kowe, nanging tukokna kang bêcik babarane, sukur olèh kang bêcik bathikane, aja kotukokake ing pasar, sabab kacok didol ing pasar akèh kang blocok. Kiraku iku bathikan ing Kauman, babarane cêbilak, yèn diênggo cok gêlis luwas.

Wiramênggala: Yèn kowe akon nukokake jarit kang bêcik, kêjaba bathikan kêraton ora nana, tanggaletunggale. kang kaagêm ing para bêndara, nanging rêgane larang, yèn muguhmungguh. bobote anakmu kêlarangên. Lah bok bathikan saliyane kêraton bae, anggêr bêcik babarane rak uwis.

Trunamênggala: Iya, kêjabane iku, aku golèkna silihan prabot [pra...]

--- 79 ---

[...bot] pêngantèn lanang wadon, sabab pêngantène lanang bakal disantrèkake, lan silihna gamêlan sêrancak.

Wiramênggala: Ora jamak kathik bakal nabuh gamêlan. Têka gêdhe têmên atimu, besuk têmuning pêngantèn bok kotanggapake reyog bae uwis. <152>

Trunamênggala: Ah, têka ngilang-ilangake brêngose sisih anjêlaprat mêngkene, mantu mung nanggap reyog, kêjaba yèn brêngose kakangamu wis loyop iku mantu ora kêlar nabuh gamêlan. Malah nèk bisa dak arah-arah nabuh gamêlan rong rancak pelog lan sêlendro.

Wiramênggala: Sukur, yèn kowe bisa mêngkono, aku iya bungah, bakal mantumu iku sapa.

Trunamênggala: Anake Kang Nalajaya, Kêmasan ing Kêtipès.

Wiramênggala: Wêruhku anake Si Nalajaya kang lanang mung siji, wis rabi olèh ing Kêmbanglampir.

Trunamênggala: Anake lanang loro, siji sing wis rabi olèh anake bêkêl ing Kêmbanglampir, sijine isih jaka, iku kang bakal dadi mantuku.

Wiramênggala: Gawene anakmu besuk apa.

Trunamênggala: Yèn sêlamêt, ing sasi Rabingulakir ngarêp iki.

Wiramênggala: Yèn mêngkono, bakal barêng karo gawene anakku si êbèng. Mungguh olèhmu arêp nabuh gamêlan rong rancak mau têmênan apa guyon.

Trunamênggala: Têmênan, aja kotampani guyon, peloge <153> aku dhewe kang bakal golèk, mung sêlendrone bae aku ambodhokake ing kowe.

Wiramênggala: Iya, mungguh iku wis kêna kopêsthèkake olèhe.

Trunamênggala: Dene dhuwit bakal pêtukuning sandhangan sesuk dak atêrake mrene dhewe, kiramu cukup pira.

Wiramênggala: Yèn kang sêdhêng, tapih siji, kêmbên siji, bêbêd siji, ikêt siji, têlung puluh rupiyah bae iya cukup, tapih lan bêbêd dak murwat nyêpuluh, ikêt lan kêmbên anglimang rupiyah.

Trunamênggala: Patang prêkara iku aku tukokna loro, nanging bathikane aja jumbuh.

Wiramênggala: Sing kojaluk bathikan apa.

Trunamênggala: Aku ora ngarani, môngsa bodhoa kowe, anggêre bêcik patut diênggo ing pêngantèn lan digawe pêmapag.

--- 80 ---

Wiramênggala: Lah iya yèn kowe ambodhokake mênyang aku, aku dhewe satêmêne ora pati dhèngêr ala bêciking bathikan. Kêjaba dak bubuhake mênyang adhimu bojoku. Lho si anak Singajaya têka, dene têka awan-awan, dêlênge kaya ontên gawene.

Singajaya: Inggih. Sowan kula ing sampeyan dipun utus dhatêng raka jêngandika bapak. Ingkang rumiyin angaturakên ingkang salam donga, kaping kalih, <154> mênawi andadosakên parênging galih sampeyan, raka jêngandika nyambut kagungan sampeyan kapal saprabotipun.

Wiramênggala: Ênggih, nanging prabote lagi esuk wau disilih têng kêwanuhan kula wong Cina Babah Ging Sèh. Si kakang ajêng têng pundi nganggo nyilih jaran.

Singajaya: Badhe dhatêng ing dhusun.

Wiramênggala: Têng desa ing pundi, lan ontên prêlune napa.

Singajaya: Badhe dhatêng dhusun ing Kricikan, têbasanipun raka jêngandika, punika bêkêlipun botên paos kang sêrta pogok.mogok.

Wiramênggala: Angkate si kakang besuk napa, lan si anak napa mèlu.

Singajaya: Mênawi angsal kapal inggih ing sêdintên punika, wondening kula botên tumut.

Wiramênggala: Kula awèh jaran kula disilih têng si kakang, nanging prabote botên ontên. Kêtrucut kula silihake wau, si anak rak bisa nyênyilih têng liyane.

Singajaya: Kados inggih sagêd. Mênawi sampeyan sampun parêng, kapal kenginga kula bêkta ing sapunika.

Wiramênggala: Ênggih. Kênthus, jaranku wêtokna.

Kênthus: Inggih. <155>

Singajaya: Mênawi sampun têrang, kula sampeyan lilani mundur.

Wiramênggala: Ênggih, taklim kula mawon têng si kakang.

Singajaya: Inggih.

Wiramênggala: Aku ambalèni cêlathu prêkara olèhmu bakal mêmantu, aku gumun ngrungu, dene Kêmasan ing Kêtipès bakal nyantrèkake anake, awit wonge kêlêbu sugih, yèn tinimbang karo kowe, isih sugih ing kana.

Trunamênggala: Maune dhasar sugih, apa kowe ora kêprungon yèn dhèwèke mêntas kobongan, barange êntèk kabèh.

Wiramênggala: Lho dhèk kapan olèhe kobongan.

Trunamênggala: Sêprene lagi ana rong sasi, elingku dhèk Sura tanggal tuwa, [tu...]

--- 81 ---

[...wa,] bojone ambênêri lara bangêt, yèn ajaa ana kang eling ngungsèkake, amêsthi mati dening gêni.

Wiramênggala: Aku lagi ngrungu saiki. Mungguh pênunggalane kang kobong apa akèh.

Trunamênggala: Omah kang kobong dhèk sêmana cacah molo têlung puluh ênêm. Omahe Si Jadôngsa iya kobong, nanging ora nganti êntèk, <156> awit barêng êmpyake kang sisih kidul kobong, banjur udan dêrês gênine sirêp.

Wiramênggala: Kowe mau apa wis mangan.

Trunamênggala: Durung.

Wiramênggala: Ayo padha mangan.

Trunamênggala: Ayo, wêtêngku dhasar wis ngintir-intir.

43. samenspraak van twee Javaansche vrouwen, in Kråmå en Madyå

Nyai Jasuta: Bok mas, anggèn sampeyan ambabar sinjang wingi, yèn siyos sampeyan kèn made, kula suwun sapunika, mupung ngajêngakên garêbêg, mangsanipun kathah tiyang dhusun ingkang sami dhatêng.

Bok Mas Nayatruna: Ênggih, ajêng kula kon ngêdol nyai, nanging ngêntèni wade kula ikêt lan kêmbên, kang dikêmpit têng biyang Klungsu, êmpun pêndhak dina niki dèrèng diulihake, sêrta dèrèng ontên tuture têng kula.

Nyai Jasuta: Ingkang wêsta biyang Klungsu punika sasumêrêp kula tiga, sêtunggil griya ing Pamotan, sêtunggil ing Kêmangkunêgaran, sêtunggil ing Wiragunan, tiga punika pundi ingkang ngêmpit kagungan sampeyan wade. <157>

Bok Mas Nayatruna: Kula botên wêruh omahe, wonge irêng burik, dhèk wingine kula kon nêrutus sarupaning warung, nganti sadina dhêg botên kêtêmu, tumuli ontên wong liwat padha caturan, yèn ing dalan sakiduling Grogol ontên wong wadon wuda ambêlêjêd grumutan ing pinggir dalan, dikira mêntas dikêcubung ing wong, ati kula kumêpyur, nèk niku biyang Klungsu.

Nyai Jasuta: Mangke ta, bok mas, kala wingi kula langkung ngajêngipun bango ing Gladhag ningali bakul sami thothit rubung, ingkang makaot tiyangipun cêmêng burik. Malah wontên bakul kang thothit wau sêtunggil wicantên: biyang Klungsu, yèn kowe arêp lunga, iya sakarêpmu, nanging wademu aja kogawa, tinggalên, yèn kowe durung nyaur bratumu, amêsthi iku dak cêkêl.

--- 82 ---

Bok Mas Nayatruna: O ênggih niku nyai, kula niki dadine kêtiwasan. Yèn mêkotên êmpun lumrah, bakul kang padha pêpara niku wêkasane dadi mujangan, awit tênagane padha kêna ing sibat. Wong golèk pangan têka salah wèng-wèng pijêr thothit mawon.

Nyai Jasuta: Inggih lêrês, bok mas. Sabab para bakul wau angkatipun saking griya enjing, mantukipun sontên sêrta têmtu sami ambêkta angsal-angsal bêtahing griya, môngka anggènipun wêwadean botên mêsthi pajêng, ingkang dipun damêl tumbas angsal-angsal wau, punapa botên yatra anggènipun nyênyambut utawi anggènipun mênang botohan. Mila lêpat-lêpat cok wontên ingkang sade awakipun <158> utawi dados boyongan.

Bok Mas Nayatruna: Ênggih nyai, wong padha dhêmên botohan niku, napa botên padha anduwèni kira-kira, yèn dirasa kêjujur, bênêre rak banjur wisan sing lumrah yèn kalah saya mêmanasi, utang-utang nyêngka bungahan ditêmpuh, sumêja amburu kalahe, kalahe botên kaburu, malah dhuwite olèhe utang-utang wau dhadhal, êmpun kalah, wuwuh kêlêbu ing utang, nanging têka kapok botên utang-utang malih dilakoni, wong mêkotên niku sêlokane: sulung alêbu gêni.

Nyai Jasuta: Inggih, bok mas. Sami-sami kêkarêman, tiyang nyêrèt kalih tiyang ngombe awis, kathah ingkang sagêd mêdhot sêrta lajêng kapok. Amung tiyang ingkang rêmên ngêbotohan, angèl pêdhot-pêdhotanipun.

Bok Mas Nayatruna: Bênêr cêlathu dika wau, nyai, kula êmpun wêruh wong kang mêkotên, malah rada mambu sanak kula, niku bangêt karême marang ngêbotohan. Ênggih kêrêp ngrayab lan êmpun kêrêp ditêbusi têng wong tuwa-tuwane, sêrta diwènèhi sandhangan. Nanging botên bisa kapok, wêkasan dadi dawa tangane, sanikine êmpun kondhe lan kathokan kalèt mawon, sanak-sanake êmpun padha botên ontên sudi kanggonan.

Nyai Jasuta: Kula inggih gadhah kêpenakan jalêr, sangêt karêm dhatêng botohan, <159> kêdadosanipun ing wêkasan inggih kados ingkang sampeyan cêriyosakên wau, nanging angsalipun amirangakên dhatêng sanak sêdhèrèkipun botên ngantos lami, awit sakit lajêng pêjah.

Bok Mas Nayatruna: Angur mêkotên nyai karo andêdawa wirang, kula bungah, yèn wong kang kula kandhakake têng dika wau nulia modar. Kula niki wau têka pijêr ngêtèprès mawon karo dika, êmpun ta, nyai, dika kula sambat, biyang Klungsu dika ajak mriki, saakal-akal dika amurih gêlême, yèn kêlakon gêlêm mriki, dika kula opahi sêrupiyah.

--- 83 ---

Nyai Jasuta: Inggih, kula sampeyan lilani mangkat.

Bok Mas Nayatruna: Ênggih nyai, êmpun tan botên dika arah gêlême mriki.

Nyai Jasuta: Inggih.

44. samenspraak van een Javaansch ambtenaar met een ondergeschikte uit het district Kadoewang, in Ngoko en Kråmå

Ngabèi Kêrtapati: Wiradôngsa, kowe apa padha sêlamêtan bae. <160>

Wiradôngsa: Pêngestu sampeyan mas ngabèi, inggih wilujêng, punika bala sampeyan tiyang èstri ambêktani angsal-angsal katur ing sampeyan wêrni gêndhis kadi sêrta kilang sêrêmbat.

Kêrtapati: Gula kadi iku apa, aku lagi ngrungu saiki.

Wiradôngsa: Kadi punika dangu ingkang sawêg mêdal sêpisan, lajêng dipun dèrès kadamêl gêndhis, gêndhisipun nama gêndhis kadi, wondening deresaning dangu ingkang mêdal kaping kalih utawi kaping tiga sêrta salajêngipun, mênawi sampun dados gêndhis, nama gêndhis arèn kemawon. Ingkang nama kilang punika godhogan lêgèning arèn ingkang têksih ragi cuwèr.

Kêrtapati: Apa omahmu ing Kêduwang akèh uwite arèn.

Wiradôngsa: Kathah, sami tuwuh piyambak, pundi wana ingkang kathah uwitipun arèn, amêsthi tiyangipun ingkang gadhah sami sêgêr. Sanèsipun saking punika, têtuwuhan ing wana ingkang kenging dipun têdha inggih kathah, punapadene pêsabinan ingkang kenging kailèn ing toya lèpèn, pêkolèhipun botên angèn môngsa, anggêripun adhangan kemawon.

Kêrtapati: Yèn mêngkono, tanah ing Kêduwang iku bangêt bêcike, nanging jarene macane pating sriwêt bae, iku apa nyata. <161>

Wiradôngsa: Inggih yêktos kathah, mênawi dalu asring saba dhatêng pemahan, têrkadhang nubruk sêgawon utawi andêkêp menda.

Kêrtapati: Têka wani-wanine wong ing kono iku padha saba ing alas utawa tunggu sawah.

Wiradôngsa: Inggih, tiyang sampun griyanipun. Wondening sabin wau, mênawi pantunipun sampun sêpuh, awis katêngga, amêrgi kasaba ing sima, dados cêlêngan tuwin bêbujêngan sanèsipun sami ajrih nyakêti pêsabinan.

Kêrtapati: Ah, yèn aku omaha ing kono, mênawa bêngi ora wani mêtu mênyang latar.

--- 84 ---

Wiradôngsa: Yèn mêkatên, kêkêndêlanipun ngambah wana tiyang jalêr ing nêgari ngriki wontên sangandhapipun tiyang èstri ing Kêduwang.

Kêrtapati: Ih iku ora ta, yèn kêkêndêlane bangsaku wong lanang kodokok sangisore wong wadon, aku ora awèh.

Wiradôngsa: Mêkatên anggèn kula mêstani wau, pêndugi kula tiyang jalêr ing ngriki yèn dipun kèn lumampah ijèn wontên ing wana agêng, têbihipun ngantos tigang pal, utawi kawan pal kados botên purun, mênggah tiyang èstri ing ngrika, bilih dhatêng ing pêkên kathah ingkang ijèn kemawon sêrta anggêgendhong, têbihing pêkên saking griyanipun wêtawis kawan pal utawi gangsal pal, têrkadhang ngantos lampahan sêwisan damêl.

Kêrtapati: Ah, wong mêngkono iku rak saking kêbutuhe, ora ana <162> bature, yèn mungguh aku, wong duwe batur iya amêsthi nganggo diiring ing wong, kang anggawa tumbak, bêdhil utawa pêdhang.

Wiradôngsa: Kêjawi ta mas ngabèi, tiyang sampeyan punika priyantun ingkang kula wicantên wau sêsaminipun tiyang alit.

Kêrtapati: Yèn wong kaya aku milu koarani jirih, amêsthi aku isin. Lah wong kang padha mênyang ing pasar mau apa ora ana kang cok ditubruk ing macan.

Wiradôngsa: Inggih asring wontên. Nanging inggih botên dados girisipun ing kathah, tekadipun sami bêgjan-bêgjan kemawon, awit tiyang ingkang sami dipun têdha ing sima punika sampun pêpêsthènipun piyambak-piyambak. Sênajan wontêna salêbêting griya, yèn dhasar julung, inggih saèstu kenging kêtubruk ing sima, kalih dening malih sima punika kêsagêdanipun namung andingkik. Mênawi abên ajêng botên purun.

Kêrtapati: Têka rubêd pêmikirku, dene wong ing Kêduwang iku ora ana mikir, amurih ilange pêkewuhe wong kang padha lumaku ing dalan lan ambudi sirnaning macan.

Wiradôngsa: Kadospundi anggènipun ambudi sirnaning sima, tiyang wana ngantos <163> lampahan sêdintên mêkatên. Wondening tiyang ingkang griyanipun têbih saking mêrgi agêng, mênawi dhatêng ing pêkên mêrginipun botên wontên sêdhêpa, sêrta tansah amiyak srompodan tuwin nusup ing bondhotan. Bilih môngsa rêndhêng, mêrginipun wêwah rungkub. Sabab wana glagahan tuwin kambêngan rayungan inggilipun langkung saking sêlandheyan, môngka rêmênanipun sima manggèn wontên ing srompodan tuwin bondhotan ingkang jêmbêk-jêmbêk, wondening tapak tuwin cakaran sêrta kosodaning sima punika samêrgi-mêrgi.

--- 85 ---

Kêrtapati: Yèn mêngkono, dadi saking uwis kulinane wong Kêduwang olèhe ngambah alas, mulane ora anduwèni kuwatir.

Wiradôngsa: Inggih, nanging sima punika ingkang galak akalihan botên, kenging dipun têngêri.

Kêrtapati: Têngêrane apa.

Wiradôngsa: Bilih cakaranipun ngalang mêrgi, punika saèstu simanipun galak, tiyang ing dhusun ngriku ingkang sumêrêp lajêng ambundhêli kambêngan tuwin anggawari, kêdamêl prêtôndha dhatêng têtiyang ingkang sami langkung, supados samia sumêrêp yèn wontên simanipun galak. Wondening bundhêlan kambêngan akalihan gawar inggih dados prêtôndha, yèn ngriku panggenan begalan. <164>

Kêrtapati: Mungguh wong kang padha liwat, andêlêng bundhêlan alang-alang lan gawar, dhèngêre kêpriye, yèn iku panggonan macan utawa begalan. Bedane apa.

Wiradôngsa: Botên wontên bedanipun. Namung kawêtawis kemawon pantês panggenan sima utawi papan pantês panggenan begalan.

Kêrtapati: Wong kang padha omah ing alas yèn duwe tanduran ana ing sawah utawa ana ing patêgalan apa ora ditunggu kaya wong ing tanah ngare, wong ing tanah ngare iku, yèn duwe tanduran amêsthi ditunggu rina wêngi, awit yèn bêngi kang cok ngrusak cèlèng, yèn rina manuk.

Wiradôngsa: Inggih mawi dipun têngga, witipun têtanêman ing wana, yèn pinarêng dipun saba ing cêlêngan, anglangkungi ing tanah ngare ngriki, ingkang botên kaambah ing cêlêngan punika, namung ingkang asring kêsaban ing sima, têrkadhang simanipun tumut api-api.

Kêrtapati: Milu api-api kêpriye.

Wiradôngsa: Tiyang ingkang sami têngga têtanêmanipun ing sabin utawi ing patêgilan, punika yèn dalu sami totor wontên sangandhaping ranggonipun, mênawi badhe tilêm inggih minggah ing ranggon, punika asring wontên sima tumut api-api.

Kêrtapati: Macane apa ora cok banjur nubruk wong kang totor mau. <165>

Wiradôngsa: Botên, awit mripatiing sima bêlolokên, amêrgi kêsulakan ing latunipun totoran.

Kêrtapati: Wonge kang totor iba olèhe anjêpluk.

Wiradôngsa: Inggih, mila tiyang têngga tanêman mripatipun tansah julalatan kemawon. Samôngsa aningali wontên ngrêgêmêng, saèstu enggal mènèk dhatêng ing ranggon.

--- 86 ---

Kêrtapati: Wong kang ana ing ranggon iku apa ora anggawa gêgaman lan apa ora banjur padha murih patine macan kang milu api-api iku.

Wiradôngsa: Sagadhah-gadhahipun inggih ambêkta dêdamêl, nanging botên purun amêjahi sima, pilalah dipun sawat ing kajêng kemawon kêpurih kesaha.

Kêrtapati: Yagene têka ora gêlêm matèni macan.

Wiradôngsa: Awit botên kuwawi yèn anyêmbadanana ijèn. Kaping kalih ajrih dhatêng kancanipun sami sima, samôngsa dipun pêjahi, botên wande kancanipun sami dhatêng malês ukum.

Kêrtapati: Mandah kaya tuturmu iku, dene têka kaya uwong duwe budi.

Wiradôngsa: Saèstu yèn mêkatên mas bei, môngsa ta gadhaha budi, ananging adatipun mêkatên. Mênawi wontên sima dipun pêjahi, pênunggilanipun sami <166> andhatêngi.

Kêrtapati: Lagi kiraku dhewe, iya macan dhasar pênuju arêp têka.

Wiradôngsa: Kula sumôngga ingkang dados pênggalih sampeyan.

Kêrtapati: Dhèngêre kêpriye, yèn kancane macan iku sumêja malês ukum.

Wiradôngsa: Mênawi wontên sima pêjah amêrgi dening tiyang, punika panggenaning bathang saèstu tapak sima lijig, tuwin pemahanipun ingkang mêjahi, inggih lajêng kêsaba, swaranipun pating gêlêrêng, punapa malih bilih wontên sima kenging ing bêkukung, sajawining bêkukung saèstu dipun dhongkèri, sumêja dipun gangsir supados ingkang wontên salêbêting bêkukung sagêda mêdal.

Kêrtapati: Apa macane kang ana sajroning bêkukung kongsi bisa mêtu.

Wiradôngsa: Botên, awit sima punika sukunipun cêndhak, môngka pathoking bêkukung pêndhêmipun lêbêt, dados pêndhongkèripun botên sagêd kandhas.

Kêrtapati: Mungguh sarupaning bêkukung alas kang rukun padha bangsane apa mung macan bae.

Wiradôngsa: Sasumêrêp kula, ingkang rukun sami bangsanipun, bantheng, sangsam, cêlêngan. Mênawi wontên kancanipun ingkang kenging dipun wisayani ing tiyang, kêtaton <167> ngantos rêbah, punika ingkang cakêt enggal sami ngrubung, sêrta sami andilati, anuntên sami andhosoki saking kiwa têngên saèmpêr kados kapurih ngadêga, lajêng kapipit saking kiwa têngên kabêkta sumingkir.

Kêrtapati: Apa wong ing kono ora ana kang cok padha kitêr.

Wiradôngsa: Inggih asring wontên, bilih sima anubruk tiyang utawi maesa, [mae...]

--- 87 ---

[...sa,] saèstu tiyang siti sami sêkala titir, andhatêngakên prapat, lajêng sami angitêri sima.

Kêrtapati: Aku yèn eling cêritane wong ing Bojanêgara lan wong ing tanah Pênolan, cok banjur gumuyu, sêmangsane ngitêr macan, wonge padha anggawa susug.

Wiradôngsa: Punapa inggih susug ingkang kêdamêl mêndhêt ulam ing lèpèn punika.

Kêrtapati: Iya.

Wiradôngsa: Kadospundi pratikêlipun dene susug dipun angge pirantos nyêpêng sima.

Kêrtapati: Mêngkene, wong kang kêpatah ambabadi grumbul iku bêkêl susug, ing burine nganggo dipayungi ing tumbak lan bêdhil. Sêmangsane ditêmpuh ing macan, banjur ditadhahi ing susug. Yèn êndhasing macan kêlêbu ing susug amêsthi nuli gêlimpangan bae, dadi gampang olèhe ngrampog. <168>

Wiradôngsa: Kula gumun sangêt dhatêng tiyang ingkang sami ngangge pirantos susug punika, têka tatag-tatagipun. Punapa ing Bojanêgari wau panggenanipun tiyang gondhok punika.

Kêrtapati: Dudu, panggonane wong gondhok iku ing Kêdhiri, alase aran ing Lodhaya, ing kono iku kêna koarani kêdhatoning macan.

Wiradôngsa: Kathahipun sima ing Lodhaya punapa nglangkungi ing Kêduwang.

Kêrtapati: Iya, mungguha panggonaning uwong, ing Kêduwang iku pêdesan, ing Lodhaya iku kêratone.

Wiradôngsa: Mênggah tiyang gondhok wau, punapa wradin sa-Kêdhiri sêdaya, iba anggènipun pating gêrendhol.

Kêrtapati: Ora, jarene mêngkene, ing kono iku ana grojogan mêtu saka ing cangkême rêca gondhok. Wong kang padha omah saurute kali kang mili saka ing rêca mau, akèh kang padha gondhok.

Wiradôngsa: Lah bok sami ngalih, sampun agêgriya ing ngriku.

Kêrtapati: Wong wis turun-tumurun omah ing kono lan ora mêsthi gondhok kabèh, mung yèn ana wong ngombe ing kali kang mili saka ing rêca mau, pênuju <169> ing dina Jumungah lan ing dina Anggara Kasih, iku amêsthi banjur dadi gondhok.

Wiradôngsa: Dèrèng sampun-sampun anggèn kula ngraos-ngraosakên dhatêng tiyang ing Kêdhiri wau, têka kêraos-kraosipun sami griya ing ngriku, ingkang [ing...]

--- 88 ---

[...kang] rumiyin kathah simanipun, kaping kalih yèn botên kêlêrêsan dados gondhok, yèn mênggaha kula sampun botên sotir griya ing ngriku.

Kêrtapati: Mêngkene sababe padha krasan mau, kêjabane wis turun-tumurun omah ing kono, lêmahe bêcik, banyune tumumpang, alase ômba, akèh raja pènine, sêrta cêdhak bêngawan gêdhe, mulane wonge akèh lan padha cukup-cukup.

Wiradôngsa: Wêrni punapa pèni-pèninipun isining wana ngriku.

Kêrtapati: Rupa kayu cêndhana, kayu timaha pèlèt, woh jênitri, pênjalin, gêndhon, malam, lancing, wiru, kayu sêcang, sapênunggalane kang rupa kayu akèh, mênjangan banthènge akèh, lan ing bêngawane akèh êmase, manuke prêkutut akèh kang gêdhe unine, kêjaba saka ing iku, isining alas akèh bae kang kêna diêdol utawa dipangan.

Wiradôngsa: Yèn mêkatên kenging dipun basaakên wana isi rajabrana, môngka malam sêrta lancêng punika ing nêgari ngriki pajêng sangêt awit sami kadamêl <170> nyêrat. Wondening kajêng cêndhana bilih agêng kadamêl wêrôngka dhuwung, mênawi alit wêrôngka waos, tatalipun dipun mahat kadamêl lisah, ampasipun kadamêl konyoh utawi ratus. Yèn mêkatên kula griya ing ngriku purun, nanging ingkang kula ajrihi bokmênawi gulu kula dados gondhok.

Kêrtapati: Mulane sasuwene padha caturan gondhok, gulumu sêdhela-sêdhela kotêkêm, jawane bangêt wêdimu yèn kêtularan gondhok.

Wiradôngsa: Inggih, tiyang kula ningali mawon kala rumiyin gila sangêt, pêngraos gulu kula kados mêndhêkêl. Mênggah woh jênitri wau kadamêl punapa.

Kêrtapati: Yèn wong ing kene mung digawe têsbèh, kang wani mêlarangi wong ing sabrang, jênitri kang sêgêgêm satus rêgane iya satus reyal. Kang gêdhe-gêdhe ora pati payu.

Wiradôngsa: Wêrtosipun kadamêl punapa.

Kêrtapati: Êmbuh, aku ora dhèngêr.

Wiradôngsa: Mila tiyang parêdèn utawi tiyang pêwanan yèn ngalih dhatêng tanah ngare botên wontên ingkang kraos, lajêng sami wangsul dhatêng parêdèn utawi pêwanan malih, tiyang ing tanah ngare yèn ngalih griya ing pêwanan utawi ing parêdèn lajêng sami kraos.

Kêrtapati: Iya dhasar mêngkono, dene yèn môngsa pacêklik, wong ing tanah ngare tulus olèhe padha luwe, yèn wong pêngalasan ora kongsi <171> padha luwe, anggêre gêlêm kangelan mênyang alas andhudhuk uwi, gêmbili, gadhung, [ga...]

--- 89 ---

[...dhung,] walur, suwêk, têmu, sapênunggalane pala kapêndhêm utawa gêgodhongan kang enak dipangan iya akèh, têrkadhang cok nêmu manggis, durèn, apadene nôngka.

Wiradôngsa: Yèn mêkatên, lêrêsipun kathah têtuwuhanipun manggis tuwin durèn wau, awit botên wontên ingkang ngundhuhi.

Kêrtapati: Bênêre iya mêngkono, nanging ora, sabab wijine êntèk padha dipangani ing buron alas kaya ta kêthèk, lutung, jêlarang, bajing, dalasan macan lan cèlèng padha doyan.

Wiradôngsa: Bilih durèn, anggènipun sagêd nêdha kadospundi, punapa botên kêcocok ing êri cangkêmipun.

Kêrtapati: Ora, sabab durèn iku samangsane wis matêng, amêsthi runtuh, banjur pêcah, dadi buron alas mau gampang pêmangane.

Wiradôngsa: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana dhatêng ing pondhok.

Kêrtapati: Iya.

45. gesprek van een heer met twee bedienden en een schoenmaker, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: <172> Sidin, kowe iku sabên-sabên yèn tak kongkon, mulih liwat saka ing antara, mung anggawa layang mênyang Tuwan Yakub bae nganti rong êjam suwene, amêsthi kowe salah wèngwèng manèh, kaya kang uwis kêlakon, nganggo mampir ing pasar utawa ing omahe bapakmu, yèn kowe uwis ora dhêmên ana ing aku, angur blakaa bae, aja gawe muring-muringku sêdina-dina.

Sidin: Kala wau kula botên mawi mampir-mampir, namung ngèstokakên dhawah sampeyan kamawon, angêntosi sawungunipun saudara sampeyan Tuwan Yakub. Mila ngantos dangu.

Tuwan Anu: Apa aku mau ora tutur mênyang kowe, yèn Tuwan Yakob turu, aja kok êntèni, layangku wèhna mênyang bature, kowe banjura mulih, sabab gawemu isih akèh.

Sidin: Pêmirêng kula wau mênawi Tuwan Yakob têksih sare, kula sampeyan dhawahi ngêntosi sawungunipun.

Tuwan Anu: Aku ora prentah mêngkono mênyang kowe, kowe sing salah pêngrungu, mulane besuk manèh yèn dak kongkon apa-apa rungokna sing <173> bêcik, supaya aja kêluputan utawa kurang luwih olèhmu nglakoni prentahku.

--- 90 ---

Sidin: Inggih tuwan, ing salajêngipun badhe kula atos-atos supados sampun ngantos manggih kalêpatan. Ing sêpisan punika kula nyuwun pêngapuntên sampeyan kemawon.

Tuwan Anu: Iya dak apura kowe. Kêpriye wangsulane Tuwan Yakub sawise anampani layangku.

Sidin: Kula sampeyan utus angaturakên sêrat dhatêng Tuwan Yakub, sampun katampèn piyambak, dhawahipun dhatêng kula, mangke jam sêdasa badhe mriki.

Tuwan Anu: Aku iki arêp takon ing kowe, dhèk sasi ing buri iki, olèhku ngêmin kaos putih ing Linglangan rolas pasang, saiki têka mung kari sêpuluh pasang, iku sing rongpuluh pasang ana ngêndi.

Sidin: Èngêt kula, ingkang kalih dasa pasang sampeyan têmpilakên dhatêng Tuwan Pit, ingkang sampeyan utus murugakên dhatêng dalêmipun inggih kula.

Tuwan Anu: E iya, aku sing kêlalèn. Lan manèh, kowe wingi apa wis mênyang omahe tukang sêpatu, anakokake olèhku akon gawe sêtiwêl.

Sidin: Sampun, sagahipun tigang dintên êngkas rampung, badhe kapurugakên mriki piyambak.

Tuwan Anu: Ana wong gawe sêtiwêl mung sêpasang, itungku saprene wis rongpuluh <174> wêngi durung dadi, kiraku ora digarap-garap, yèn digarapa, sêtiwêl sêpasang têlung dina bae iya rampung, apa ora nganggo kotakoni sababe, dene nganti lawas mêngkono.

Sidin: Inggih kula pitakèni, wangsulanipun: mila ngantos lami, awit mawi ngupados wêcucal ingkang sae, angsalipun sawêg kala winginipun kemawon, kalih dening bojonipun sakit.

Tuwan Anu: Ewuh têmên pêmikirku wong mêngkono iku, ana wong dadi tukang sêpatu ora duwe simpênan kulit. Bênêre barang-barang sing kanggo ing garapane uwis duwe.

Sidin: Lêrêsipun inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Besuk manèh kowe aja ngundangundang. tukang sêpatu iku, golèka liyane.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sêtiwêlku mung kari sêpasang, sing dak ênggo iki, ora bisa salin-salin, awit pênunggalane wis amoh kabèh, sarèhning bangêt butuhku, karêpku kowe saiki ngundanga tukang sêpatu liyane.

--- 91 ---

Sidin: Punapa kula lumampah ing sapunika.

Tuwan Anu: Iya, nanging dikêbat.

Sidin: Inggih. <175>

Tuwan Anu: Penjol.

Penjol: Kula.

Tuwan Anu: Olèhmu gawe wedang iki têka tipis têmên, ora kaya sabên. Iku sabab dening apa.

Penjol: Bubukipun sampun têlas, wau kula badhe matur ing sampeyan ajrih, awit sampeyan sawêg duka dhatêng pun Sidin. Sarèhning sampun siyang, dados kirang-kirang inggih kula godhog, saking ajrih kula mênawi andadosakên duka sampeyan.

Tuwan Anu: Sarèhne bubuke kurang saka ing takêre sabên, bênêre banyune kosêthithiki, kriyuke aja kokêbaki mêngkono, lah iku aku ora doyan, awit ora ana rasaning kopi, uwis buwangên, aku gawèkna êtèh bae.

Penjol: Inggih.

Tuwan Anu: Karodene, ing besuk manèh yèn kopi, êtèh, utawa gula kari sêthithik enggal tutura mênyang aku, aja kongsi lungse kaya saiki, aku iya wis kêrêp tutur mêngkono ing kowe, nanging ora kolakoni, pikirmu ana ngêndi, yèn kowe iku duwea garapan liyane, patut yèn lalia, gawene mung anggodhog wedang esuk lam sore. <176>

Penjol: Inggih tuwan, sampun lêrês kemawon dhawah sampeyan punika, kula ingkang kêlêpatan, ing sakathah-kathahipun kula nyuwun pêngapuntên, ing salajêngipun badhe kula atos-atos.

Tuwan Anu: Iya dak apura, uwis ta gawe wedang êtèh dikêbat, yèn uwis kowe banjur tukua kopi.

Penjol: Inggih.

Sidin: Kula sampeyan utus nimbali tukang sêpatu, sampun, punika dhatêng.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Aku gawèkna sêtiwêl têlung pasang, kulite sing bêcik, dadèkna ing pêndhak dina iki.

Tukang Sêpatu: Inggih, ananging kula botên sagêd nyampunakên ing pêndhak dintên punika, awit garapan kula kathah.

--- 92 ---

Tuwan Anu: Sêtiwêl sêpasang kogarap pirang dina.

Tukang Sêpatu: Mênawi botên kathah garapan kula, sêrta kula srêmpêng, sêpasang tigang dintên sampun.

Tuwan Anu: Uwis ta mêngkene bae, sêtiwêl têlung pasang iku sing sêpasang rampungna tumuli, sing rong pasang kêna kogarap tambanan. Awit aku butuh bangêt.

Tukang Sêpatu: Inggih, êmbèn sontên kula dadosakên ingkang sêpasang.

Tuwan Anu: Iya, sêpasange kowe anjaluk pira. <177>

Tukang Sêpatu: Kula andamêlakên tuwan-tuwan ing loji wetan akalihan ing loji agêng, sêpasangipun tigang dasa uwang.

Tuwan Anu: Iya bêcik, aku ora nganyang, nanging sing sêpasang rampungna tumuli, nêtêpana kaya saguhmu êmbèn mau.

Tukang Sêpatu: Inggih, mênawi parêng kula nyuwun kêrtas sêkêdhik kadamêl ukur.

Tuwan Anu: Sidin, anjupuka kêrtas sêthithik ing meja panulisanaku.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Kalih dening malih, mênawi andadosakên parênging galih sampeyan, kula nyuwun nyambut arta sêpêngaosipun sêtiwêl sêpasang kemawon, badhe kula damêl tumbas wêcucal akalihan ular-ular.

Tuwan Anu: Iya dak wènèhi sapênjalukmu, nanging kowe aja goroh.

Tukang Sêpatu: O, botên ilok tuwan, yèn kula doraa ing sampeyan. Mênawi êmbèn sontên kagungan sampeyan sêtiwêl sêpasang botên sampun, kula suka sampeyan gêbagi.

Tuwan Anu: Lumrah wong iku yèn duwe karêp, akèh kêsaguhane, samôngsa <178> wis kêtêkan karêpe, ora mikir mênyang kêsaguhane mau.

Tukang Sêpatu: Inggih sumôngga ingkang dados pênggalih, nanging kula botên mêkatên.

Tuwan Anu: Iya saujar-ujarmu, nanging satêmêne aku durung prêcaya mênyang kowe, awit wêtaraku kowe iku madati, kêtara lambemu biru.

Tukang Sêpatu: Pêjaha tuwan, yèn kula madatana.

Tuwan Anu: Sidin, tukang sêpatu iku wèhana dhuwit têlung puluh uwang.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Wis ta muliha, sêtiwêlku banjur garapên tumuli, êmbèn sore aku mêsthèkake dadine, ora susah aku kongkonan, atêrna mrene dhewe.

--- 93 ---

Tukang Sêpatu: Inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani mundur.

Tuwan Anu: Iya.

Penjol: Anggèn kula anggodhog wedang sampun, sêrta sampun kula cawisakên wontên ing meja.

Tuwan Anu: Iya, mêngko sêdhela aku mêtu. Kurang akèh olèhmu andokoki êtèh, kothake jupukên mrene.

Penjol: Inggih. <179>

Tuwan Anu: Kowe nuli anjaluka dhuwit mênyang Si Sidin, digawe tuku kopi.

Penjol: Inggih.

46. gesprek van een heer met een bediende een schoenmaker en een bode van een Pangeran, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: Meja panulisanaku iki ya gene kongsi wayah mene durung kosulaki kaya sabên.

Sidin: Kula wau mrêlokakên dhatêng griyanipun tukang sêpatu, amurugi kagungan sampeyan sêtiwêl, punapa sampun dados.

Tuwan Anu: Tukange sêpatu apa milu mrene.

Sidin: Inggih tumut.

Tuwan Anu: Undangên mrene, sêtiwêle sèlèhna ing kono bae, kowe banjur angrêsiki meja panulisanaku.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Kula nuwun.

Tuwan Anu: Kowe iku gawe sêtiwêl mung sêpasang, nganti têlu likur dina, kiraku kowe pijêr nyêrèt lan turu bae.

Tukang Sêpatu: Botên tuwan. Dipun sambêra ing gêlap sakal yèn kula <180> kados pêngandika sampeyan wau, mila ngantos lami mêkatên, yêktosipun saundur kula saking ngarsa sampeyan rumiyin, lajêng ngupados wêcucal botên pikantuk ingkang priyogi, saantuk kula bala sampeyan tiyang èstri kêtiwasan kêdhawahan bluluk sirahipun, ngantos dados tangisan, awit sêkêdhap-sêkêdhap botên èngêt. Dados kula mrêlokakên mulasara tiyang èstri anggènipun sakit ngantos pitulas dintên.

Tuwan Anu: Kiraku tuturmu iku goroh kabèh.

--- 94 ---

Tukang Sêpatu: Sampun ngantos amanggih wilujêng anak putu kula tuwan, yèn kula matura dora ing sampeyan.

Tuwan Anu: Iya uwis, prènèkna sêtiwêle, dak cobane.

Tukang Sêpatu: Inggih sumôngga.

Tuwan Anu: Sing kiwa iki rada anjêpit, kambi olèhmu gawe tungkakan kêdhuwurên.

Tukang Sêpatu: Mênawi sampun sampeyan agêm jangkêp kaping tiga, kados mantun anjêpit. Awit wêcucal enggal mêkatên sagêd mêlar, wondening tungkakan punika gampil anggènipun ngandhapakên.

Tuwan Anu: Pênggarapmu uwis lawas, barêng dadi ora kêbênêran, aku êmoh nganggo sêtiwêl sing nglarakake sikil. Uwis rêgane pira, ora <181> kêpenak anggone, owahana lan tungkakane èndhèkna.

Tukang Sêpatu: Ênggih.

Tuwan Anu: Kiramu apa nganti têlu likur dina manèh rampunge olèhmu ngowahi sêtiwêl sêpasang iku.

Tukang Sêpatu: Kêsangêtên tuwan. Benjing-enjing kemawon inggih sampun.

Tuwan Anu: Lah iya uwis, gawanên mulih.

Tukang Sêpatu: Inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani mantuk.

Tuwan Anu: Iya. Kulambiku putih apa wis ana kang rêsik.

Sidin: Sampun rêsik sêdaya sêrta sampun kasêtrika.

Tuwan Anu: Jupukên mrene dak dêlênge.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sing loro iki pating blêntong, layake kêna ing dubang, apa mau ora kopriksani.

Sidin: Tampi kula saking juru masuh sawêg punika kemawon dèrèng ngantos kula priksani kêsêlak sampeyan pundhut.

Tuwan Anu: Balèkna mênyang sing masuh, konên ngilangake.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Tuturmu mau wis rêsik lan uwis disêtrika kabèh, dene <182> iki isih kurang siji.

Sidin: Ingkang kirang sêtunggil punika bêdhah lêngênipun sêkêdhik, sawêg kula jrumatakên, mangke sêkêdhap kados sampun.

Tuwan Anu: Uwis, singgahna kabèh, siji iki tinggalên, arêp dak ênggo [êng...]

--- 95 ---

[...go] mêngko.

Sidin: Inggih. Punika wontên utusanipun Bêndara Pangeran Anu badhe kêpanggih piyambak kalihan sampeyan.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Utusan: Sowan kula ing sampeyan tuwan, dipun utus dhatêng saudara ijêngandika Bêndara Pangeran Anu, ikang rumiyin, matêdhakakên ingkang tabe, kaping kalih, anyaosakên dhahar sampeyan dhuku.

Tuwan Anu: Iya. Sidin, tampanana iku.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Kangjêng pangeran apa isih sugêng, lawas ora pinarak mrene.

Utusan: Kula nuwun, têksih sugêng, mila lami botên pinarak mriki, kados amêrgi saking sawêg kêpambêngan anggènipun ngêrsakakên yasa sêrat Babad Mêtawis. <183>

Tuwan Anu: Aturna tabe lan trima kasihku marang kangjêng pangeran, lan matura, mêngko sore yèn têrang aku tilik.

Utusan: Kula nuwun inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Iya.

47. gesprek van een heer met ee kleêrmaker, in Ngoko en Kråmå

Kêsiman: Kula sampeyan utus nimbali gêrji, sampun, punika dhatêng.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Kêsiman: Inggih.

Gêrji: Kula nuwun tuwan.

Tuwan Anu: Mulane kowe dak undang, arêp dak kon gawe kulambi, bakale sêngkêlat iki.

Gêrji: Inggih, punika pintên elo tuwan.

Tuwan Anu: Iku rong elo.

Gêrji: Mênawi kadamêl rasukan, kalih têngah elo kemawon cêkap, dados punika langkung sêtêngah elo.

Tuwan Anu: Lah, yèn digawe sruwal, rong elo iku cukupan bae apa luwih.

--- 96 ---

Gêrji: Mênawi cêlak sampeyan, inggih têksih langkung.

Tuwan Anu: Luwihe pira <184>

Gêrji: Inggih sêtêngah elo, mênawi panjênêngan sampeyan rasukan akalihan cêlana sami ngalih têngah elo, awit sampeyan andhap sêrta alit, dados langkungipun sêtêngah elo wau kêtanggêlan kadamêl rompi botên cêkap.

Tuwan Anu: Uwis gawenên kulambi bae, iki polane, mungguh dawa gêdhene manuta pola iku, wangune manuta sing dak ênggo iki.

Gêrji: Inggih, kêrsa sampeyan kula bêdhahi wontên ing ngriki, punapa kalilan kula bêkta mantuk.

Tuwan Anu: Bêdhahana ing omahmu bae.

Gêrji: Inggih, kalih dening rasukan ingkang sampeyan agêm punika kula suwun kadamêl pola.

Tuwan Anu: Iya, ênya.

Gêrji: Mênggah rasukan punika, kêrsa sampeyan mawi dipun rangkêpi punapa botên.

Tuwan Anu: Iya rangkêpana, aku duwe sutra biru têlung elo, yèn cukup iku gawenên rangkêpan.

Gêrji: Mênawi tigang elo inggih cêkapan kemawon, wonkênawontêna. langkungipun namung sêkêdhik, mila mêkatên awit sinjang songa punika botên wiyar kados sêngkêlat. Ingkang kalih têngah elo dados rangkêpan lêngênan kêkalih, <185> ingkang kalih têngah elo dados rangkêpan badan kiwa têngên akalihan ing wingking.

Tuwan Anu: Kêsiman, jupukên jarit sutra biru kang ana ing kamar kae, tumumpang ing kursi.

Kêsiman: Inggih.

Tuwan Anu: Lah iki apa rupane, uwis dak ukur ora kurang ora luwih têlung elo.

Gêrji: Inggih. Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Iya. Kêsiman, gêrji mau kiraku durung adoh, undangên bali, aku kêlalèn takon opahe.

Kêsiman: Inggih.

Gêrji: Kula nuwun.

Tuwan Anu: Mulane kowe dak undang bali, aku durung nganti takon opahe kulambi siji.

--- 97 ---

Gêrji: Inggih, mênawi rasukan sêngkêlat, ingkang sampun dados adat, epahipun gangsal rupiyah pêthak.

Tuwan Anu: Akèh têmên opahe, apa ora kêna kurang saka ing sêmono.

Gêrji: Kula ngladosi para tuwan-tuwan ing ngriki sêdaya, inggih sami maringi sêmantên.

Tuwan Anu: Lah iya uwis, nanging garapên tumuli. <186>

Gêrji: Inggih, mênawi botên wontên pambênganipun sakit, sêpêkên inggih sampun.

Tuwan Anu: Apa kowe ora bisa nguwisake besuk êmbèn.

Gêrji: Botên, tuwan. Awit kula anggarap cêlana kagunganipun saudara sampeyan Tuwan Kêlas.

Tuwan Anu: Lah iya uwis.

Gêrji: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Iya.

48. samenspraak van een heer met een Radèn Ngabêï en een bediende, in Kråmå en Ngoko

Tuwan Anu: Sampeyan wau punapa saking ing dalêm kemawon, saudara.

Radèn Ngabèi Paradata: Inggih, sowan kula ing sampeyan punika, ingkang sêpisan, awit lami botên pinanggih, kaping kalih badhe mintokakên sêrat aturan kula, ingkang badhe katur ing kangjêng tuwan residhèn, prêkawis gêgadhuhan kula siti dhusun ing Jêlag ingkang dipun bêkêli dhatêng saudara sampeyan Tuwan Yosèp. Etang kula sampun tempo, Tuwan Yosèp mêstani têksih kirang sêtaun.

Tuwan Anu: Pêngraos kula sampun têrang anggèn sampeyan damêl sêrat punika. <187>

Paradata: Mênawi sampeyan anggalih sampun têrang sêrta botên wontên ingkang kêkirangan, angkah kula badhe kula aturakên ing dintên benjing-enjing.

Tuwan Anu: Pêngraos kula inggih mêkatên, botên wontên ingkang kula waoni. Sidin.

Sidin: Kula.

Tuwan Anu: Anjupuka anggur asêm lan banyu Wêlônda.

Sidin: Inggih.

--- 98 ---

Tuwan Anu: Ing dintên punika tiyang Jawi tanggal kaping pintên, saudara.

Paradata: Tanggalipun kala Ngahad, dintên punika Kêmis, dados sawêg tanggal kaping kalih wêlas.

Tuwan Anu: Kênap kae jupukên mrene, inumane dokokna ing meja kono dhisik.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Kadohan olèhmu dokok kênap, cêdhakna mrene manèh, nuli inumane mau dokokna ing kene.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Kowe iku Sidin, bok iya nganggo ngrungokake prentahku, aku rak uwis kêrêp tutur ing kowe, yèn aku anjaluk anggur asêm kambi banyu Wêlônda, amêsthi nganggo gêlas dhepok karo gula bêbêkan, lah iki kowe anggawa gêlas cilik. <188>

Sidin: Gêlasipun dhepok sawêg dipun asahi.

Tuwan Anu: Enggalna olèhe ngasahi, lan gêlas cilik iku balèkna ing ênggone.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk anggur asêm akalihan toya Wêlandi saudara.

Paradata: Inggih.

Tuwan Anu: Sumpêle gêndul lan guci iku pocotana.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sumôngga saudara, sampeyan unjuk tumuntên, mumpung têsih kumrêngsêng, yèn sampun mantun kumrêngsêng botên patos eca.

Paradata: Inggih. Sêgêripun anglangkungi, sami-sami inuman, anggur asêm punika kula doyan piyambak.

Tuwan Anu: Kula inggih mêkatên, raosipun eca, botên ngêndêmi, Sidin, anjupuka srutu, olèhku tuku esuk mau.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Upête apa wis êntèk dene kowe anggawa tumpêr.

Sidin: Sampun têlas, kula kêsupèn tumbas. <189>

Tuwan Anu: Kowe iku barang-barang kêlalèn, tur kowe wis dak tuturi, yèn upête ngarêpake êntèk enggal tukua, aja ngêntèni saêntèke pisan, tumpêr iku saru ana ing pêjagongan. Suwawi êsês srutu, saudara.

--- 99 ---

Paradata: Inggih.

Tuwan Anu: Srutune têka dhêdhêl mêngkene Sidin. Aku wis ngêmpakake nênêm iki dhêdhêl kabèh salong ana sing nêlisip êmpane, iki olèhmu tuku ngêndi.

Sidin: Angsal kula tumbas dhatêng Cina ingkang ngadêgakên toko enggal, sawetanipun kêrêtêg agêng cakêt punika.

Tuwan Anu: Aku rak wis tutur mênyang kowe, aja cok tuku srutu mênyang Pêcinan. Tukua mênyang Tuwan Simon.

Sidin: Kula wau inggih sampun badhe tumbas dhatêng Tuwan Simon, ananging pênuju sampun têlas. Kula ngupados ing sanèsipun botên angsal, sarèhning kagungan sampeyan srutu sampun têlas, dados kula tumbas dhatêng Pêcinan.

Tuwan Anu: Pirang bêngkêk olèhmu tuku mau.

Sidin: Namung sêdasa bêngkêk, dados satus.

Tuwan Anu: Balèkna kabèh, kêjabane sing wis dakêmpakake iki. <190>

Sidin: Inggih.

Paradata: Angsal kula mêndhêt punika têka kêlêrêsan, botên dhêdhêl.

Tuwan Anu: Inggih, pêndugi kula ing sêbêngkêkipun namung sêtunggil ingkang sae, nênêm ingkang sampun kula êmpakakên punika dhêdhêl sêdaya.

Paradata: Kula sayêktosipun botên doyan srutu, ingkang sêpisan ampêgipun sangêt, kaping kalih aosipun kathah.

Tuwan Anu: Kula kala rumiyin inggih botên doyan. Wiwit kula doyan srutu kala kula kesah dhatêng Bêtawi kalihan Tuwan Karêl. Wontên ing mêrgi sangu kula linting têlas, kônca kula Tuwan Karêl wau nyukani srutu, ngantos dumugi ing Bêtawi kula udud srutu kemawon, wusana lajêng nyakot dumugi ing sapriki. Kêpriye Sidin, srutune kobalèkake apa ditampani.

Sidin: Inggih dipun tampèni, sêrta sampun kula bayar pisan pêngaosipun sêbêngkêk ingkang sampun saudara êsês punika.

Tuwan Anu: Eling-elingên ta, besuk manèh aja tuku srutu mênyang Cina iku utawa mênyang Cina liyane.

Sidin: Inggih.

Paradata: Kula sampeyan lilani mundur, badhe lajêng dhatêng Kawirêjan.

Tuwan Anu: Inggih.

--- 100 ---

49. gesprek van een heer met een kleêrmaker en een schoenmaker, in Ngoko en Kråmå

Penjol: Kula matur ing sampeyan, punika gêrji dhatêng, ambêkta kagungan <191> sampeyan rasukan.

Tuwan Anu: Iya, konên mrene.

Penjol: Inggih.

Gêrji: Kula nuwun tuwan, kula nyaosakên kagungan sampeyan rasukan.

Tuwan Anu: Iya, prènèkna dakcobane. Wis kêbênêran kabèh olèhmu gawe, mung tanganane bae kêdawan sêthithik.

Gêrji: Kêrsa sampeyan kaêlongan sêpintên.

Tuwan Anu: Êlongana têka karo têngah nyari êngkas.

Gêrji: Inggih, mangke sontên kemawon kula saosakên.

Tuwan Anu: Iya

Gêrji: Kalih dening malih, kula nyaosakên lêlangkunganipun kagungan sampeyan sêngkêlat sêtêngah elo sêrta lêlangkunganipun sinjang sutra sêkêdhik, punapadene kagungan sampeyan rasukan ingkang kula damêl pola.

Tuwan Anu: Penjol, tampanana iku, sêngkêlat lan sutrane buntêlên <192> ing kêrtas banjur dokokna sadhuwuring bênèt.

Penjol: Inggih.

Sidin: Kula matur ing sampeyan, punika tukang sêpatu dhatêng, ambêkta kagungan sampeyan sêtiwêl.

Tuwan Anu: Apa iku tukang sêpatu, sing bojone kêtiban bêluluk sêrta sing doyan supata kae.

Sidin: Dede, punika tukang sêpatu sêtunggilipun, ingkang ngêmping arta tigang dasa uwang.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Kula nuwun tuwan, kula nyaosakên kagungan sampeyan sêtiwêl sêpasang.

Tuwan Anu: Iya, prènèkna, dakcobane. Wis kêbênêran olèhmu gawe, ora ana sing dak cawadi, sing kari rong pasang banjur garapên.

Tukang Sêpatu: Inggih. Kalih dening mênawi parêng, kula mugi kaparingana nyambut arta malih sêpêngaosing sêtiwêl sêpasang kemawon.

--- 101 ---

Tuwan Anu: Sarèhne kowe nêtêpi basamu, aku iya gêlêm ngutangi manèh, mungguh sing kari rong pasang iku, besuk apa dadine.

Tukang Sêpatu: Mênawi botên wontên warilipun, benjang Jumungah dados sêdaya. <193>

Tuwan Anu: Apa Jumungah pêndhake dina iki.

Tukang Sêpatu: Inggih, pêndhakipun dintên Jumungah punika.

Tuwan Anu: Sidin, tukang sêpatu iku wènèhana dhuwit têlung puluh uwang.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya.

50. samenspraak van een heer met een Javaansch ambtenaar, in Kråmå

Kêsiman: Kula matur ing sampeyan, punika wontên priyantun Jawi badhe sowan ing sampeyan.

Tuwan Anu: Jênênge sapa lan priyayi ngêndi.

Kêsiman: Duka sampeyan, kula sawêg sumêrêp ing sapunika.

Tuwan Anu: Takonana jênênge lan karêpe kêtêmu aku.

Kêsiman: Inggih. Kula sampun pitakèn dhatêng priyantun ingkang wontên ing jawi punika, namanipun Radèn Ngabèi Kawirêja, sowanipun ing sampeyan namung saking lami botên pinanggih. <194>

Tuwan Anu: Aturana lungguh dhisik, tutura aku lagi dandan, sêdhela êngkas aku nêmoni, lan kowe banjur anggodhoga wedang êtèh, mêngko ladèkna mênyang jaba.

Kêsiman: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa wilujêng, saudara, sampun lami kula botên pinanggih kalihan sampeyan.

Kawirêja: Pêngèstu sampeyan inggih wilujêng, mila lami botên sowan, kula kesah dhatêng dhusun. Bêkêlipun lênggah kula siti dhusun ing Worawari mogok botên paos botên lumêbêt garêbêg. Sampun kalih môngsa punika anggènipun botên ngladosakên paos, sarêng kula wêdali dhatêng dhusun, griyanipun kapanggih suwêng.

Tuwan Anu: Pêndugi sampeyan punapa kesah minggat.

Kawirêja: Kayêktosanipun inggih èstu mêkatên.

--- 102 ---

Tuwan Anu: Punapa kantênan purugipun utawi ingkang dipun ungsèni.

Kawirêja: Sawêg pawêrtosipun dhatêng tanah ing Sukawati, sawênèh mêstani dhatêng tanah ing Rêdikidul. Ananging sampun botên kula manah, bêkêl minggat inggih têtêp pocot saking kajêngipun piyambak.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan botên mawi ngaturi uninga ing pêrentah prêkawis <195> inggatipun bêkêl sampeyan wau.

Kawirêja: Inggih mawi, mênggah lampah kula mêdali dhatêng dhusun wau dede lêrêsipun. Nanging botên dados punapa, kalih dening sampun kula saidakên ing pêngètèr sêrta pêmogok tuwin inggatipun, rêdi tuwin mônca sêkawan mônca gangsalipun inggih sampun sami anêtêpakên ing kalêpatanipun tigang bab wau.

Tuwan Anu: Lêrêsing lampah kadospundi, mênawi wontên sêtunggiling bêkêl botên paos, botên lumêbêt garêbêg sêrta mogok.

Kawirêja: Lêrêsipun kula ngaturi uninga dhatêng wêdana kula ing pêmogokipun bêkêl wau, priyantun wêdana lajêng anglampahakên utusan dhatêng dhusun, amrêtelakakên prêkawisipun bêkêl ingkang mogok wau dhatêng rêdi agêng, ingkang dêrbe rerehan. Sarêng kapriksa ing rêdi yêktos ing pêmogokipun mufakat sakancanipun rêdi sêrta mônca sêkawan mônca gangsalipun, anuntên rêdi agêng wau amrêtelakakên kawrat ing sêrat dhatêng wêdana kula, angaturakên sakathahing prêkawisipun bêkêl wau, wêdana kula lajêng ngaturi uninga ing pêrentah sêrta nyuwun sêrat panguwasa, animbali bêkêl ingkang mogok.

Tuwan Anu: Mênawi dipun timbali ing pêrentah mêksa mogok kadospundi. <196>

Kawirêja: Mênawi katimbalan ing pêrentah mêksa mogok, lajêng kacêpêng, yèn bôngga ngamuk karampog ing kathah, bilih ngantos pêjah, kupingipun kairis katur ing pêrentah.

Tuwan Anu: Sabab dening punapa ingkang wau botên sampeyan tindakakên ing salêrêsipun.

Kawirêja: Sarèhning punika bêkêl lami sêrta dèrèng wontên kalêpatanipun, pêmanah kula badhe kula sumêrêpakên ing lampahipun ingkang botên lêrês, ing batos kula sampun amêsthèkakên mênawi badhe pinanggih saenipun, aliya saking mêkatên, kula botên rêmên prêkawisan. Mila angkah kula mênawi kenging, badhe kula rampungi piyambak.

Tuwan Anu: Mênggah arta paos ingkang dèrèng kaladosakên ing sampeyan dhatêng bêkêl ingkang minggat wau, punika kadospundi, punapa ical kemawon.

--- 103 ---

Kawirêja: Botên, ingkang ngisèni inggih ingkang anggêntosi kabêkêlanipun.

Tuwan Anu: Lênggah sampeyan siti dhusun ing Worawari wau ing dalêm sêpêsokipun mêdal paos pintên.

Kawirêja: Ing dalêm sêpêsokipun mêdal paos sêlawe reyal anigang dasa uwang. <197>

Tuwan Anu: Sampun lami kula badhe pitakèn ing sampeyan saêbab, ananging kêsupèn-kêsupèn kemawon.

Kawirêja: Kêrsa sampeyan badhe andangu punapa.

Tuwan Anu: Mênggah griyanipun patihing ratu ing Surakêrta ngriki, punika gadhahanipun piyambak punapa kagunganing ratu.

Kawirêja: Griyanipun patihing ratu punika kagungan dalêm ingkang sinuhun, mêkatên ugi griyanipun para bupati, sami kagungan dalêm sêdaya.

Tuwan Anu: Dados griyaning patih utawi bupati, mênawi ingkang ngênggèni kaundur utawi ngajal, botên dados meliking ahli warisipun.

Kawirêja: Botên, sintên ingkang kakêrsakakên anggêntosi lêlampahanipun ingkang kaundur utawi ngajal wau, inggih punika ingkang ngênggèni.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang tèh, saudara.

Kawirêja: Inggih. Kula wau sumadosan dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawithana,Kawitana. badhe sarêngan saos bêkti dhatêng kêpatihan, mênawi parêng kula sampeyan lilani mundur.

Tuwan Anu: Inggih.

51. gesprek van een heer met een Javaanschen schrijver, in Ngoko en Kråmå

Kacung: <198> kula matur ing sampeyan, punika wontên tiyang Jawi badhe sowan dêrbe atur ing sampeyan.

Tuwan Anu: Jênênge sapa lan wong ing êndi.

Kacung: Naminipun Sêstrawijaya, griyanipun ing Carikan.

Tuwan Anu: Ana gawene apa arêp kêtêmu aku.

Kacung: Aturipun badhe nyuwun pêdamêlan sêratan.

Tuwan Anu: Konên mrene.

Kacung: Inggih.

Sêstrawijaya: Kula nuwun tuwan, sowan kula ing sampeyan mênawi parêng

--- 104 ---

kula nyuwun pêdamêlan sêratan, kula dipun wêrtosi ing sêdhèrèk, yèn sampeyan ing sapunika ngêrsakakên nêdhak wêrninipun sêrat Jawi.

Tuwan Anu: Iya dhasar mêngkono, yèn tulisanamu bêcik, aku iya gêlêm awèh pêgawean.

Sêstrawijaya: Punika sêratan kula, mugi sampeyan pariksa.

Tuwan Anu: Tulisanamu durung pati bêcik, nanging cêtha sêrta ajêg, apa kowe lumaku ing gawe.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, botên.

Tuwan Anu: Mulane aku takon mênyang kono, sabab yèn kowe lumaku ing gawe amêsthi ora bisa ngêmungake anggarap pêgaweanaku.

Sêstrawijaya: Kêsinggihan pêngandika sampeyan, mila kula kamipurun matur nyuwun pêdamêlan ing sampeyan, ingkang sêpisan botên lumampah ing damêl, kaping kalih saking botên wontênipun ingkang kula têdha.

Tuwan Anu: Apa kowe uwis rabi.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, sampun, anak kula sampun sêkawan, têksih sami alit-alit.

Tuwan Anu: Apa maune kowe uwis tau lumaku ing gawe.

Sêstrawijaya: Dèrèng.

Tuwan Anu: Apa kowe isih duwe bapa biyung.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, bapa sampun botên gadhah, namung biyung kemawon.

Tuwan Anu: Bapakmu maune dadi priyayi apa.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, dados abdi dalêm lurah carik.

Tuwan Anu: Sabab dening apa kowe ora anggêntèni lêlakone bapakmu.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, mila kula botên anggêntosi lêlampahanipun bapa, awit kula dede anakipun ingkang sêpuh, wondening ingkang anggêntosi, <200> sêdhèrèk kula sêpuh, anama Ngabèi Dhadhapcalis.

Tuwan Anu: Kowe bakal dak wènèhi pêgawèan nurun layang Anglingdêrma.

Sêstrawijaya: Inggih sumôngga kemawon.

Tuwan Anu: Kacung, jupukên layang Jawa kang ana ing meja, sing samake abang.

Kacung: Inggih.

Tuwan Anu: Lah iki apa layange, kowe anjaluk opah pira.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, sumôngga ing saparing-paring sampeyan.

Tuwan Anu: Lah iku aja mêngkono, aranana, mêngko dak duga-duga,

--- 105 ---

patut lan orane pênjalukmu.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, kula botên sagêd mêstani, sumôngga ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Uwis ta mêngkene bae, kowe dak bayar padha kambi carik kang tulisane timbang karo tulisanamu, kêpriye.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, sumôngga kêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Dene tulisanamu iki timbange karo tulisane Si Manguncitra, kang nurun layang Partayagnya. Besuk apa olèhmu tumapak. <201>

Sêstrawijaya: Kula andhèrèk ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Yèn kowe nyarah sakarêpku, wiwitana sesuk.

Sêstrawijaya: Inggih. Mênggah sowan kula wanci jam pintên.

Tuwan Anu: Kang padha nulis ing kene kabèh têkane esuk jam wolu, bubare awan jam loro, karêpku kowe mêngkonoa uga.

Sêstrawijaya: Inggih sêndika. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya.

52. gesprek van een heer met een timmerman, in Ngoko en Kråmå

Saridin: Kula matur ing sampeyan, kula sampeyan utus nimbali undhagêundhagi. sampun, punika dhatêng.

Tuwan Anu: Konên mrene.

Saridin: Inggih.

Undhagi: Kula nuwun, tuwan.

Tuwan Anu: Mulane kowe dak undang, aku arêp akon gawe kursi lan pêturon kayu sana. <202>

Undhagi: Bathènipun sampeyan napa sampun kagungan.

Tuwan Anu: Uwis, ana ing gêdhang sêlirang kana, pariksanên.

Undhagi: Inggih. Kagungan sampeyan kajêng sana sampun kula pariksa sae-sae sêdaya, namung bêlabag ingkang sêtunggil kathah socanipun.

Tuwan Anu: Sing akèh socane iku apa ora kêna diênggo.

Undhagi: Kengengipun mêkatên kenging, ananging botên priyogi, botên sagêd alus.

Tuwan Anu: Yèn mêngkono iya aja koênggo.

--- 106 ---

Undhagi: Inggih. Mênggah kêrsa sampeyan damêl kursi akalihan pêsarean pintên.

Tuwan Anu: Yèn cukup kayune, karêpku gawe kursi rong losin, pêturon siji, kêpriye kayu sêmono iku pêndugamu apa cukup.

Undhagi: Pêndugi kula inggih cêkapan kemawon, kiranga botên kathah.

Tuwan Anu: Kursi sêlosine kowe anjaluk opah pira.

Undhagi: Kula dèrèng sagêd matur, mênawi dèrèng sumêrêp wêrninipun ingkang badhe kadamêl pola.

Tuwan Anu: Sing bakal dak gawe pola kursi kang dadak. linggihi iki. <203>

Undhagi: Mênawi kados mêkatên, sêlosinipun kula nyuwun kawan dasa rupiyah pêthak.

Tuwan Anu: Akèh têmên pênjalukmu, kursi iki dhèk anyare sêlosine olèhku tuku mung sèkêt rupiyah, môngka kowe anjaluk patang puluh rupiyah, bakale saka ing aku.

Undhagi: Kêlêbêt mirah anggèn sampeyan ngêrsakakên tumbas sêmantên wau, kula inggih gadhah sêlosin ingkang kados kagungan sampeyan punika, kala wingi dipun awis suwidak gangsal rupiyah pêthak dhatêng saudara sampeyan Tuwan Pit, kula dèrèng suka.

Tuwan Anu: Lah kowe kudu pira.

Undhagi: Tawi kula pitung dasa gangsal rupiyah pêthak. Mênggah pênyuwun kula epah wau mugi sampeyan awis.

Tuwan Anu: Waniku mung awèh sêlawe rupiyah putih.

Undhagi: Nuwun kemawon.

Tuwan Anu: Wis ta, dak wuwuhi limang rupiyah, dadi têlung puluh kêpriye.

Undhagi: Mênawi parêng, kula nyuwun tigang dasa gangsal.

Tuwan Anu: Aku ora wani ngundhaki manèh, yèn kowe gêlêm sêmono iya bêcik. Yèn ora gêlêm iya uwis, aku bakal golèk <204> undhagi liyane.

Undhagi: Inggih sampun ta tuwan, kula sumôngga ing kêrsa sampeyan. Ananging kula gadhah pênyuwun kaparingana nyambut arta.

Tuwan Anu: Kowe anjaluk utang pira.

Undhagi: Mênawi parêng kula nyuwun tigang dasa rupiyah.

Tuwan Anu: Akèh têmên pênjalukmu, dhuwit sêmono iku prêlune arêp kogawe apa.

Undhagi: Prêlunipun badhe kula damêl tumbas graji agêng, sêrta kula damêl nyauri

--- 107 ---

sambutan kula.

Tuwan Anu: Limalas rupiyah bae apa ora cukup. Sêmôngsa pênggarapmu wis olèh sêlosin, aku anggênêpi têlung puluh.

Undhagi: Kêtanggêlan tuwan, botên cêkap.

Tuwan Anu: Lah iya, dak turuti sapênjalukmu, nanging pênggarapmu aja sêmbrana.

Undhagi: O, nuwun, botên yèn kula ngantosa sêmbrana.

Tuwan Anu: Saridin, undhagi iki wèhana dhuwit têlung puluh rupiyah ngrolas uwang.

Saridin: Inggih.

Tuwan Anu: Besuk apa olèhmu bakal wiwit anggarap. <205>

Undhagi: Benjing êmbèn kula tumapak. Ing sêdintên punika akalihan sêdintên benjing-enjing kula ngupados graji agêng akalihan ngupados bêrah anggraji.

Tuwan Anu: Lah iya.

Undhagi: Mênggah kêrsa sampeyan badhe damêl pêsarean wau kadospundi.

Tuwan Anu: Iya sida, nanging aku durung olèh polane, ing sêdina rong dina iki dak golèk dhisik.

Undhagi: Inggih. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya.

53. gesprek van een heer met een bediende en een Dêmang, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: Drana, iki jam pira.

Drana: Sawêg kèndêl tambur.

Tuwan Anu: Jaranku apa wis diabah-abahi.

Drana: Sampun.

Tuwan Anu: Banjur wêtokna, aku mangkat saiki, mumpung esuk.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Kowe wingi apa ora kêlalèn tuku srutu. <206>

Drana: Botên.

Tuwan Anu: Pirang bêngkêk olèhmu tuku.

Drana: Kalih dasa bêngkêk, dados kalih atus, kagungan sampeyan lami têksih sêbêngkêk.

Tuwan Anu: Srutu lawas sing kari sêbêngkêk prènèkna, dak kandhute dhewe, [dhe...]

--- 108 ---

[...we,] sing rongpuluh bêngkêk buntêlên ing kêrtas, lêbokna ing brokoh.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Ayo nuli mangkat mumpung esuk. Kowe dhisika karo kang mikul brokoh.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Panase bangêt, blêduge mulêk. Ayo Drana lèrèn sêdhela sangisoring randhu alas kae, aku arêp ngombe, ngêlakku bangêt.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Aku golèkna banyu adhêm sing rêsik.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Banyune têka buthêk mêngkene, apa kowe ora bisa golèk liyane.

Drana: Botên wontên sanèsipun. Tiyang ing dhusun ngriki botên gadhah sumur, ingkang dipun ombe toya lèpèn kemawon.

Tuwan Anu: Uwis balèkna, aku moh ngombe banyu buthêk mêngkono <207> yèn ana, aku angur tukokna dêgan.

Drana: Ing wande ngriku botên wontên tiyang sade dêgan, mênawi parêng, sampeyan kula aturi kèndêl ing griyanipun dêmang, tingal tulakula. uwitipun kêlapa kathah, mênawi sampeyan kêrsa mundhut, amêsthi dipun saosi.

Tuwan Anu: Ngêndi omahe dêmange.

Drana: Punika, ingkang ngajêng wontên uwitipun asêm kêkalih.

Tuwan Anu: Apa uwit asêm gêdhe loro kae.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Prènèkna jaranku, ayo lèrèn ing kana sêdhela, kowe banjur tukua sukêt, jaranku warêgana.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Dêmange sing êndi Drana.

Drana: Punika ingkang ngangge rasukan pêthak.

Tuwan Anu: Dêmang, têkaku mrene, mung arêp lèrèn ing omahmu sêdhela, lan arêp anjaluk banyu ngombe.

Dêmang: Sumôngga sampeyan têdhak, pinarak ing lêbêt.

Tuwan Anu: Aku mau lèrèn ana sangisoring randhu alas ing kana, bangêt <208> ngêlakku, baturku dak kon golèk banyu ora olèh kang rêsik, dadi aku ora sida ngombe.

Dêmang: Sumôngga, punika toya. Tiyang ing dhusun ngriki ingkang griya cakêt [cakê...]

--- 109 ---

[...t] lèpèn, awis-awis gadhah sumur, ingkang dipun ombe utawi kadamêl mêmasuh, toya lèpèn kemawon.

Tuwan Anu: Banyumu iki bêning, sêrta adhêm.

Dêmang: Punika toya sumur. Kamipurun kula matur, sarèhning dèrèng sumêrêp, sampeyan saking pundi sêrta kêrsa tindak dhatêng pundi.

Tuwan Anu: Aku saka ing Sala arêp mênyang Madiun.

Dêmang: Angkat sampeyan saking nêgari wau wanci punapa.

Tuwan Anu: Angkatku dhèk tambur.

Dêmang: Kêlêbêt dangu rawuh sampeyan ngriki.

Tuwan Anu: Iya, awit olèhku lumaku ing saenake bae, iki wayah apa.

Dêmang: Punika ngajêngakên wisan damêl. Punapa sampeyan mangke lajêng kemawon, botên kêrsa nyare ngriki.

Tuwan Anu: Ora, dêmang, aku ora nginêp ing kene, samangsane jaranku wis warêk, aku nuli mangkat. <209>

Dêmang: Mênawi sampeyan botên kêrsa nyare, mugi parênga kula saosi dhahar.

Tuwan Anu: Bangêt trimaku, dêmang, aja dadi atimu, aku ing saiki nampik pêsuguhmu, yèn isih padha ginanjar sêlamêt, besuk aku kêtêmu manèh karo kowe, lan aku sumêja nginêp ing omahmu, ing saiki maklumu bae sing dak jaluk.

Dêmang: Kula sumôngga ing sakêrsa sampeyan, nanging manah kula cuwa, dene sampeyan botên kêrsa kula saosi dhahar, wondening sampeyan ing benjing badhe pinarak malih dhatêng griya kula, sakêlangkung bingah kula, sêrta kula ngajêng-ajêng ing kayêktosanipun.

Tuwan Anu: Sênajan aku ora nganti mangan ing omahmu, anggêpku pêsuguhmu prêsasat wis dak tampani.

Dêmang: Sumôngga, sampeyan ngunjuk wedang tuwan.

Tuwan Anu: Iya.

Dêmang: Adhi, bok dika lungguh ngriki ta, titihane tuwan wong êmpun ontên kang nunggoni.

Saridin: Inggih.

Dêmang: Dawêg, dika ngombe wedang yèn êmpun nuli nginang.

Saridin: Inggih.

Dêmang: Bêndara dika niku kêkasihe sintên lan dadi priyayi napa.

--- 110 ---

Saridin: Wêstanipun bêndara kula Tuwan Yakub, lênggahipun Upsindêr. <210>

Dêmang: Tanduke bêndara dika niku alus, kula eram têrang lan cêthane olèhe ngandika cara Jawa. Olèh dika dhèrèk têng tuwane napa êmpun lawas.

Saridin: Angsal kula andhèrèk dhatêng tuwan sampun wontên nêm taun.

Tuwan Anu: Dêmang, wêrtane dalan sing mênyang Madiun iku gawat, apa nyata.

Dêmang: Kala rumiyin inggih mêkatên, ananging ing sapunika botên, tiyang lêlampah siyang utawi dalu sampun botên mutawatosipun.

Tuwan Anu: Dadi ing saiki wis ora ana mutawatire ing bab begalan.

Dêmang: Botên.

Tuwan Anu: Bumi desa kang kodêmangi iki arane ngêndi, cacah pira lan milu sapa.

Dêmang: Wêstanipun dhusun ing Krawitan, damêlipun tiyang kawan dasa, dados sêdasa jung, lênggahipun Bêndara Pangeran Anu.

Tuwan Anu: Kang dadi patuhmu pira.

Dêmang: Ingkang dados patuh kula namung sajung sêkikil.

Tuwan Anu: Bumi sêpuluh jung iku pajêge pira.

Dêmang: Paosipun mêdal jung gangsal wêlas reyal, paos ing dalêm sêtaun. <211>

Tuwan Anu: Olèhmu dadi dêmang apa wis lawas.

Dêmang: Etang kula sampun wolulas taun punika.

Tuwan Anu: Saridin, jarane yèn wis warêg ajokna mrene, aku nuli mangkat.

Saridin: Inggih.

Tuwan Anu: Dêmang, aku arêp mangkat saiki, pêmujiku, muga aku bisaa tumuli kêtêmu manèh karo kowe.

Dêmang: Inggih, kula andhèrèkakên wilujêng, mugi-mugi kasêmbadana kêrsa sampeyan badhe pinarak malih ing griya kula.

54. tafelgesprek van een heer met een Radèn Ngabêï en een bediende, in Kråmå en Ngoko

Sambiya: Kula matur ing sampeyan, dhaharanipun sampun sêdhiya.

Tuwan Anu: Iya. Sope kurang uyah, êndi uyahe.

--- 111 ---

Sambiya: Punika.

Kêsiman: Kula matur ing sampeyan, punika Radèn Ngabèi Widayaka dhatêng. <212>

Tuwan Anu: Aturana mêlêbu.

Kêsiman: Inggih.

Tuwan Anu: Sambiya, ing kono dokokana kursi piring loro, sendhok porok lan lading, apadene gêlas dhepok lan gêlas cilik.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan lumêbêt, saudara.

Widayaka: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan pinarak ing ngriku, suwawi sami nêdha.

Widayaka: Inggih.

Tuwan Anu: Tingal kula rawuh sampeyan punika wontên prêlunipun, dene têka siyang-siyang.

Widayaka: Inggih wontên prêlunipun sêkêdhik, mangke kemawon kula matur.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan wijik, saudara. Kula mênawi nêdha piyambak botên patos eca kados yèn wontên kanthinipun, apêsipun sêtunggil kathahipun tiga utawi sêkawan.

Widayaka: Dados sowan kula ing sampeyan punika kalêrêsan.

Tuwan Anu: Inggih, kalêrêsan sangêt, suwawi sampeyan dhahar sop rumiyin.

Widayaka: Inggih nuwun. <213>

Tuwan Anu: Mênawi kula, sopipun kirang sarêm.

Widayaka: Dhasar inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Lah punika sarêm, kula aturi mundhut piyambak. Sambiya, sêmur bèbèk iku prènèkna, dak iris-irise.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Ladinge têka kêthul mêngkene, amêsthi mau durung diasah, anjupuka liyane sing landhêp.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Sing duwe garapan ngasah lan ngrêsiki sapa.

Sambiya: Pun Krama, wau inggih sampun kula sukakakên dhatêng pun Krama, kula kèn ngasah.

Tuwan Anu: Besuk manèh, sarupaning lading sadurunge kocawisake ing

--- 112 ---

meja, priksanên dhisik, landhêp lan orane.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Suwawi saudara, punika ulam gramèh, eca kadhahar akalihan kênthang sêrta mêrtega.

Widayaka: Inggih, nuwun. Para agêng ing sapunika kathah ingkang tiru-tiru para tuwan-tuwan, mênawi pênuju wontên damêl kêsukan nêdha eca, mawi dhahar ulam gramèh akalihan kênthang sêrta mêrtega, dhasaripun eca.

Tuwan Anu: Ulam gramèh punika wêdalan ing pundi saudara.

Widayaka: Sawêg pawêrtosipun wêdalan ing lèpèn Oya. <214>

Tuwan Anu: Kêsiman, piringe radèn ngabèi iku salinana, aja kowe pijêr ngadêg anjêjêr bae. Suwawi saudara, ulam kambangan sampeyan kula irisakên dhadha mênthokipun.

Widayaka: Inggih nuwun. Tiyang Jawi damêl sêmur botên sagêd eca mêkatên.

Tuwan Anu: Kados saking dèrèng sumêrêp bumbunipun utawi kathah kêdhiking bumbu, mênawi kaduk ing salah sêtunggil, inggih botên eca.

Widayaka: Kados inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk anggur, saudara.

Widayaka: Sumôngga.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan ngêrsakakên ngunjuk êbir.

Widayaka: Nuwun, botên.

Tuwan Anu: Suwawi, punika sambêl gorèng èbi.

Widayaka: Inggih, nuwun.

Tuwan Anu: Sambiya, rotine prènèkna, dak iris-irise.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa ngêrsakakên dhahar roti, saudara.

Widayaka: Inggih.

Tuwan Anu: Sumôngga, mêrtegane cêdhakna mrene Sambiya, sakèjune pisan.

Widayaka: Kula punika doyan sangêt nêdha roti akalihan mêrtega mawi kèju, ananging nisir kèju têka botên sagêd lêmbat, asring pating krowal utawi pating brucèl.

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, kula sisirakên.

Widayaka: "Inggih. Lho, panjênêngane tuwan olèhe nisir rikat sêrta lêmbut-lêmbut, yèn aku anisir kaya mêngkono, amêsthi pating brucèl [bru...]

--- 113 ---

[...cèl] luput-luput darijiku kêpègès.

Tuwan Anu: Suwawi, saudara.

Widayaka: Inggih, nuwun. Kèjunipun anglisah, asinipun dawêg, kula rumiyin tumbas sêtunggil, nanging agêngipun botên sêmantên, udakawis namung sêcêngkir ingkang ragi agêng, asinipun têka nglangkungi, kula namung nêdha kawan iris, sadintên ngêlak kemawon.

Tuwan Anu: Kèju alit kados ingkang sampeyan pêngandikakakên punika, botên patos sae, botên ngungkuli ingkang agêng, pênunggilanipun ingkang sampeyan dhahar punika. <216>

Widayaka: Punika anggèn sampeyan ngêrsakakên tumbas pintên.

Tuwan Anu: Kalih wêlas rupiyah.

Widayaka: Sampun pantês kemawon mênawi eca, awit aosipun kaot kathah akalihan anggèn kula tumbas.

Tuwan Anu: Suwawi dhahar jêram, saudara.

Widayaka: Inggih, nuwun. Punika jêram Pacitan tulèn.

Tuwan Anu: Kula dèrèng sagêd angyêktosi utawi dèrèng sumêrêp bedanipun jêram Pacitan ingkang saking tanah Pacitan akalihan ingkang wêdalan ngriki kemawon.

Widayaka: Kêtawis kemawon, saudara, ingkang wêdalan ing Pacitan, kulitipun alus sêrta tipis. Ingkang wêdalan ngriki, kulitipun botên alus sêrta kandêl. Kalih dening lêginipun inggih kaot. Lêgi ingkang saking Pacitan.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa.

Widayaka: Sawêg pêndugi kula kabêkta saking siti, mêkatên ugi jêram gulung wêdalan ing tanah Kaduwang, kados kalihan ingkang wêdalan ngriki.

Tuwan Anu: Anggèn sampeyan dhahar punapa sampun.

Widayaka: Sampun, tuwuk kula sangêt. <217>

Tuwan Anu: Suwawi sami lênggahan wontên ing èmpèr.

Widayaka: Sumôngga.

Tuwan Anu: Sambiya, anjupuka srutu lan upêt.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Kênap cilik kae prènèkna, wadhahe srutu lan wadhahe upêt dokokna ing kono.

Sambiya: Inggih.

Widayaka: Gombak, lopak-lopake prènèkna.

--- 114 ---

Gombak: Inggih.

Tuwan Anu: Ing sapunika mugi sampeyan pêngandikakakên ingkang dados prêlunipun ing kêrsa sampeyan wau.

Widayaka: Inggih, prêlunipun sowan kula ing sampeyan punika, mênawi parêng, badhe nyuwun nyambut kagungan sampeyan kreta, sarakitan kusir prabotipun.

Tuwan Anu: Badhe sampeyan agêm dhatêng pundi, dene têka dingarèn, sampeyan nyambut kreta.

Widayaka: Dede kula piyambak ingkang badhe ngangge, sayêktosipun kula punika dipun têdhani pitulung dhatêng sêdhèrèk ing Suradilagan. Punika mantu, benjing-enjing sêpêkêning pêngantèn, badhe kaundhuh dhatêng griyanipun. Kula kapopohan nyambut-nyambutakên kreta, badhe tumpakanipun pêngantèn wau.

Tuwan Anu: Benjing-enjing wanci punapa kanggenipun ing kreta. <218>

Widayaka: Mênawi sampeyan sampun parêng, kagungan sampeyan kreta kula suwun wanci asar, kajujugna dhatêng griya kula.

Tuwan Anu: Inggih. Sambiya, si kusir undangên mrene.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Kusir, kretaku sajaran prabote disambut mênyang Radèn Ngabèi Widayaka, sesuk wayah asar gawanên mênyang dalême radèn ngabèi, sing ngusiri iya kowe.

Kusir: Inggih.

Widayaka: Angsal kula ngupados sambutan kreta sampun kala winginipun botên angsal, sarèhning sampun rumaos kuwêkèn ing pêngupados, mila kula kamipurun matur ing sampeyan.

Tuwan Anu: Ingkang mantu punika punapa sêdhèrèk sampeyan sayêktos.

Widayaka: Dede, dados sêdhèrèk nak-sanak, awêsta Ngabèi Jayagupita.

Tuwan Anu: Angsal ing pundi anggènipun mantu.

Widayaka: Angsal anakipun abdi dalêm lurah gandhèk, awêsta Radèn Ngabèi Wimbasara.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa botên ngêrsakakên êsês srutu. <219>

Widayaka: Botên, kula botên tahan ampêgipun. Mênawi sampeyan kêrsa sare, kula mugi kêlilana mundur.

Tuwan Anu: Mênawi siyang, kula botên nate tilêm, namung tilêman kemawon [kema...]

--- 115 ---

[...won] sêkêdhap, ewadèntên mênawi badhe kondur, kula sumôngga.

Widayaka: Inggih, kula lajêng badhe kintun sêrat dhatêng Suradilagan, suka uninga mênawi sampun angsal kreta, supados sampun ngantos dados pêngajêng-ajêng.

55. gesprek van een heer met een bediende en een stalknecht, in Ngoko, Kråmå en Madyå

Tuwan Anu: Krama, jaranku dhawuk konên ngabah-abahi, aku arêp têgar, nuli jaranku dragêm konên mêtokake, diidêr-idêrna supaya bigara, awit wis lawas ora dak tunggangi.

Krama: Inggih. Punika titihan sampeyan dhawuk sampun kaabah-abahan sêrta sampun wontên ing jawi. <220>

Tuwan Anu: Iya, sêdhela aku mêtu. Olèhe ngêtrapake kêndhali kuwalik. Bênêrna, sing malêngkung iku ana ngarêp.

Krama: Inggih. Wau pun Samad sampun kula sanjangi yèn kuwalik, nanging kêngkêng mêstani botên. Wicantênipun mênawi ngêtrapakên kêndhangsul Wêlandi, wêsi ingkang malêngkung punika wontên ing wingking.

Tuwan Anu: Kêjaba sing nunggang wong edan, iku êtraping kêndhali kaya mêngkono kiraku Si Samad lagi iki wêruh rupaning kêndhali Wêlônda. Ulur-uluring sônggawêdhi kêcêndhakên, udhuna rong cocoh êngkas.

Krama: Inggih.

Tuwan Anu: Ambêne kêncêngna manèh, lapake isih bisa mingar-mingêr lan tali uwange kêndhokna sêthithik.

Krama: Inggih.

Tuwan Anu: Warahên Si Samad, jaran dragêm iku aja dilêbokake ing gêdhogan tumuli, ngêntènana saulihku têgar.

Krama: Inggih. Kang Samad, dhawuhe tuwan, jaran dragêm niku êmpun dilêbokake ing gêdhogan tumuli, ngêntènana sakondure tuwan.

Samad: Inggih.

Krama: Bênêr tutur kula têng dika wau, yèn olèh dika angêtrapake kêndhali kuwalik. Wêsine sing malêngkung nika bênêre ontên ngarêp. <221>

Samad: Dhèk kula melu Tuwan Kêlas biyèn, eling kula yèn ngêtrapake kêndhali Wêlônda, wêsine sing malêngkung nika inggih ontên ing buri.

Krama: Kira kula mawon, dika sing kêlalèn.

Samad: Layake ênggih mêkotên.

--- 116 ---

Tuwan Anu: Olèhmu ngidêr-idêrake jaran iku mau nganti têkan ngêndi.

Samad: Ngantos dumugi ing alun-alun.

Tuwan Anu: Yagene tracake ora kokon natahi, nganti padha anjêbrèt mêngkono.

Samad: Tukangipun natahi sawêg sakit.

Tuwan Anu: Apa ora ana tukang natahi liyane, kêjaba mung siji iku.

Samad: Kados inggih wontên.

Tuwan Anu: Kowe dhewe apa ora bisa natahi.

Samad: Mênawi wontên pirantosipun, kados inggih sagêd, awit kula sampun kêrêp ningali.

Tuwan Anu: Pirantine apa.

Samad: Tatah, patar, pangot, gandhèn.

Tuwan Anu: Sesuk kowe dak wènèhi dhuwit, tukokna pirantine natahi tracak jaran.

Samad: Inggih.

Tuwan Anu: Gigire jaran iku têka mêlicat, iku sabab dening apa. <222>

Samad: Punika kenging ing kêrok, awit anggèn sampeyan maringi kêrok enggal, landhêpipun anglangkungi.

Tuwan Anu: Kowe wêruh yèn landhêp, bênêre pangêrokmu nganggo koarah-arah, aja nêtêp-nêtêp.

Samad: Kula botên sumêrêp mênawi landhêp mêkatên. Kalanipun sampeyan paringakên, botên ngantos kula pariksa, lajêng kula kêrokakên kados sabên. Pêmanah kula botên sanès akalihan kêrok damêlan Jawi, sarèhning ing sapunika kula sampun sumêrêp, salajêngipun inggih kula akah-angkah.angkah-angkah.

Tuwan Anu: Karodening manèh, jaran iku têka ora bisa lêmu-lêmu, apa pangane kurang.

Samad: Mênawi têdhanipun, pêngraosing manah kula botên kirang, sêrta rumputipun sae-sae, wingi sawêg kula jampèni.

Tuwan Anu: Kojamoni apa.

Samad: Kula jampèni gadhung bênêman, kula wênyêt akalihan wêlirang, mawi sarêm sêkêdhik.

Tuwan Anu: Apa iku jamune nglêmokake jaran.

Samad: Inggih.

Tuwan Anu: Jare gadhung wêlirang iku jamu lêluntur. <223>

--- 117 ---

Samad: Inggih, nanging mawi klapa sêrta wlirangipun kathah, sarêmipun sêkojong.

Tuwan Anu: Wis lêbokna, lan sesuk kowe aja kêlalèn anjaluk dhuwit digawe tuku tatah, patar, pangot lan gandhèn.

Samad: Inggih.

56. gesprek van een heer met een timmerman, in Ngoko en Kråmå

Sidin: Kula matur ing sampeyan, punika undhagi badhe saos atur ing sampeyan.

Tuwan Anu: Iya, konên ngêntèni sêdhela, aku tumuli mêtu, kiraku arêp anjaluk utang dhuwit manèh.

Sidin: Duka sampeyan.

Tuwan Anu: Kowe arêp duwe atur apa mênyang aku.

Undhagi: Kula badhe prêtela, mênawi anggèn kula anggarap kagungan sampeyan kursi sampun angsal sêlosin sêrta sampun kula rêmpêlas, namung kantun pênglilinipun kemawon, kula badhe nyuwun yatra kadamêl tumbas lilin. <224>

Tuwan Anu: Cukup malam pirang kati kursi sêlosin iku.

Undhagi: Sêtêngah katos kados inggih cêkap.

Tuwan Anu: Tukua sêkati, yèn luwih kêna digawe nglilin karine sing sêlosin.

Undhagi: Kula sumôngga ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Pira rêgane malam sêkati.

Undhagi: Ingkang awon sêkatosipun rêgi wolulas uwang, ingkang sae rêgi kalih dasa uwang.

Tuwan Anu: Tukua malam sing bêcik. Sidin, undhagi iku wehana dhuwit rongpuluh uwang, bakal digawe tuku malam.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Mêngko sêdhela aku mênyang buri, mriksa kursi kang wis dadi.

Undhagi: Inggih.

Tuwan Anu: Uwis kabênêran olèhmu gawe, nanging kêdhuwurên sêthithik.

Undhagi: Punika gampil angandhapakên. Kêrsa sampeyan kaêlongan sêpintên.

--- 118 ---

Tuwan Anu: Mrenea, dêlêngên dhewe sing dak lungguhi iki, sikilku ora tumapak, isih jinjit sêthithik.

Undhagi: Botên kathah êlong-êlonganipun, kados namung kalih têngah nyantun.

Tuwan Anu: Apa ora luwih saka ing karo têngah nyari. <225>

Undhagi: Aluwung kiranga anggèn kula ngêlongi kalihan kêkathahên.

Tuwan Anu: Karuwan ta, yèn kurang kêna koêlongi manèh, yèn kakèhên kudu nyambung, kira-kiranên dhewe olèhmu ngêlongi, sakêpenake dak linggihi, padhanên kambi polane.

Undhagi: Inggih.

Tuwan Anu: Wong linggih ing kursi mono yèn sikile jinjit utawa gumantung, ora kêpenak. Dina iki apa kowe bisa wiwit anglilin.

Undhagi: Mênawi mangke sagêd angsal panas, inggih lajêng kula wiwiti.

Tuwan Anu: Panglilinmu nganti pirang dina.

Undhagi: Mênawi angsal panas, kalih dintên kemawon rampung.

Tuwan Anu: Yèn uwis rampung pênglilinmu, sing kari sêlosin garapên tumuli.

Undhagi: Inggih. Kalih dening malih mênawi parêng, kula sampeyan paringi nyambut arta malih.

Tuwan Anu: Bênêr pêthèkku mau, yèn kowe bakal anjaluk utang manèh, sarèhne wis dadi jangjiku ngarêp, lan pênggarapmu tumêmên, iya bakal dak utangi, nanging rampungna olèhmu nglilin dhisik. <226>

Undhagi: Inggih, nanging mênawi parêng ing sapunika kula mugi sampeyan paringi gangsal rupiyah kemawon rumiyin, badhe kula damêl ruwahan sêrta tumbas sangkal akalihan ulap-ulap.

Tuwan Anu: Iya. Sidin, undhagi iku wèhana dhuwit limang rupiyah.

Sidin: Inggih.

Undhagi: Mênggah anggèn sampeyan ngêrsakakên damêl pêsarean punapa sampun pikantuk polanipun.

Tuwan Anu: Wis, sesuk dak kon marani, samôngsa uwis têka ing kene, kowe dak undang.

Undhagi: Inggih. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani dhatêng pêkên, badhe tumbas lilin.

Tuwan Anu: Iya.

--- 119 ---

57. gesprek van een heer met een Javaansch ambtenaar, in Kråmå, over de Nêgårå van Soerakarta, over het Maleisch spreken en over een geschil met een landhuurder <227>

Tuwan Anu: Saudara, sampeyan punapa sumêrêp watêsipun lêbêting nêgari ing Surakêrta ingkang mêngetan, mêngidul, mêngilèn, tuwin mêngalèr.

Radèn Ngabèi Kawirêja: Sumêrêp, ingkang mêngetan dumugi lèpèn ing Ganggang, ingkang mêngidul dumugi ing Lêbak, ingkang mêngilèn dumugi ing Purwadados, ingkang mêngalèr dumugi ing pêmondhokan môncanêgari.

Tuwan Anu: Pintên têbihing watês wau saking nêgari.

Kawirêja: Kirang langkunga botên kathah, kados namung ngalih êpal.

Tuwan Anu: Ing pundi watêsipun siti dhusun ingkang kêbawah nêgari ing Surakêrta.

Kawirêja: Ingkang mêngetan watês pucakipun rêdi Lawu, ingkang mêngidul watês Rêdikidul, ingkang mêngilèn watês pucukipun rêdi Mêrapi akalihan rêdi Mêrbabu, ingkang mêngalèr watês rêdi Kêndhêng, sami lampahan sêdintên saking nêgari.

Tuwan Anu: Ing bawah Surakêrta punapa kathah lèpèn agêng.

Kawirêja: Inggih kêlêbêt kathah, ingkang agêng piyambak awêsta lèpèn bênawi, wondening prêtelanipun lèpèn ing tanah Pajang: 1. ing Dêngkeng, 2. ing Nglusah, 3. ing Gondhang, 4. ing Mrêbung, 5.lèpèn sakidulipun ing Klathèn, 6. ing Kawismuni, 7. ing Wanggi, 8. ing Nglajur, 9. ing Jêbol, 10. ing Pusur, 11. ing Yagang, 12. ing Sanggung, 13. ing Tèmpèl, 14. ing Wingka, 15. ing Jênês, 16. ing Pepe, 17. ing Cêmara, ingkang tanah Sukawati: 1. ing Samin, 2. ing Sraya, 3. ing Grompol, 4. ing Mungkung, <228> 5. ing Sragèn, 6. ing Bonrama, 7. ing Kêdhung Banthèng, 8. ing Serang 9. ing Ngaribaya. Sawêrninipun lèpèn wau sami anjog ing bênawi sêdaya.

Tuwan Anu: Ing bawah Surakêrta punapa wontên rawanipun.

Kawirêja: Wontên. Èngêt-èngêtan kula: 1. ing têlaga Pawinihan, 2. ing Gênting Kalêgèn, 3. ing Sarabojan, 4. ing Majaraga, 5. ing Kêrtasura, 6. ing Langsur, 7. ing Gêdhangan, 8. ing Jêmbangan.

Tuwan Anu: Rêdi bawah ing Surakêrta ingkang agêng piyambak ing pundi.

Kawirêja: Sasumêrêp kula namung tiga, ingkang kawical agêng piyambak, ingkang wetan rêdi Lawu, ingkang kilèn rêdi Mêrbabu akalihan rêdi Mêrapi.

Tuwan Anu: Rêdi têtiga wau punapa sami mêdal latunipun.

Kawirêja: Ingkang mêdal latunipun namung rêdi Mêrapi.

--- 120 ---

Tuwan Anu: Bawah ing Surakêrta ingkang tanah wetan, kilèn, kidul, êlèr, punapa wontên namanipun piyambak-piyambak.

Kawirêja: Wontên. Ingkang wetan nama tanah ing Sukawati, ingkang kidul akalihan kilèn, nama tanah ing Pajang, ingkang êlèr sêpalih tanah Pajang, sêpalih tanah Sukawati.

Tuwan Anu: Bawah ing Surakêrta punapa wontên umbulipun. <229>

Kawirêja: Wontên. Sasumêrêp kula: 1. ing Kapurun, 2. ing Sênêng, 3. ing Karanggênêng, 4. ing Sêkar, 5. ing Ngupit, 6. ing Darèn, 7. ing Jalatundha, 8. ing Ngumbul Alit, 9. ing Cakra, 10. ing Gêdhong, 11. ing Drêkila, 12. ing Ngêndho, 13. ing Pêngging, 14. ing Kopat, 15. ing Jimbung, 16. ing Ngudal, 17. ing Toyawilis, 18. ing Sêlamêtan, 19. ing Ponggok, wondening umbul ingkang mêdal toyanipun asin: 1. ing Sangiran, 2. ing Sêsela, 3. ing Kawispandhan.

Tuwan Anu: Kula punika sampun lami wontên nêgari ing Surakêrta, ewadèntên kathah ingkang dèrèng kula sumêrêpi.

Kawirêja: Sampun ingkang sampeyan, saudara, bôngsa kula tiyang Jawi ingkang wutah rahipun ing nêgari ngriki inggih kathah kêkirangan ing sumêrêpipun.

Tuwan Anu: Kula punika rêmên sangêt jêjagongan kalihan tiyang sagêd kados sampeyan, awit kenging kula pitakèni samukawis ingkang kula dèrèng sumêrêp.

Kawirêja: Kula punika dèrèng môntra-môntra kawical tiyang sagêd, namung lowung kemawon kenging sampeyan dangu sêkêdhik-sêkêdhik. Tiyang gêsang mêkatên saudara, priyogi ingkang tabêri têtakèn. Pêcahing budi, indhaking <230> kêsagêdan, wêwahing kawruh, wêwinihipun saking tabêri têtakèn, swargi rama jêngandika, mênawi kula sowan dhatêng dalêmipun, kathah pêndangunipun dhatêng kula, botên angêmungakên ingkang prêlu-prêlu kemawon, dalasan ikang rèmèh-rèmèh kadangokakên lajêng dipun sêrati.

Tuwan Anu: Kula inggih mêkatên, saudara, samukawis kula sêrati, sêrta asring kula iling-ilingi supados apila, mênawi wontên ing pêjagongan sagêda tumut wicantênan, sampun ngantos lêgog-lêgog kemawon. Awit botên wontên tiyang kêduwung amêrgi saking kêkathahên kawruhipun.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan. Kula punika kêduwung, dene kalanipun têksih nem-neman botên sinau têmbung Mêlajêng, dados lulus bodho dumugi samangke, mênawi kula kêtamuan Wêlandi ingkang botên sagêd cara Jawi, [Ja...]

--- 121 ---

[...wi,] sakêlangkung pêkèwêding manah kula, badhe cara Mlajêng sumêlang mênawi kêlêpatan kuwêdal têmbung kula ingkang saru, saking botên sumêrêp kula, mila anggèn kula wicantên mawi ngatos-atos, mênawi wontên têmbung Mlajêng ingkang dèrèng têrang sumêrêp kula, lajêng kula lintu ing têmbung Jawi kemawon. Dados wicantên kula Mlajêng tugêlan.

Tuwan Anu: Têmbung Mêlajêng ingkang kangge ing nêgari Surakêrta, dhasaripun inggih <231> kêmomoran Jawi, Cina tuwin Wêlandi, botên rêsik kados ingkang kangge ing tanah Mêlajêng.

Kawirêja: Sanès ingkang badhe kula aturakên ing sampeyan saudara, kula badhe nyuwun pratikêl. Kagungan dalêm gêgadhuhan kula siti dhusun ing Pengkol dipun bêkêli dhatêng Tuwan Anu, jangji kula namung 15 taun tempo, etang kula dumugi ing wulan Mulud taun Jimawal punika sampun tempo, ananging kula têdha wangsulipun siti dhusun dhatêng kula tansah dipun èwêd-èwêd kemawon. Kêdah botên badhe dipun onjot kula botên suka, punika kadospundi pratikêl sampeyan, sagêdipun mantuk gêgadhuhan kula siti dhusun wau.

Tuwan Anu: Sampun botên wontên pêkèwêdipun, mênawi sampeyan botên suka kaonjot, botên kenging kapêksa, kula mriyogèkakên Tuwan Anu sampeyan antêp sêpisan êngkas, purun akalihan botênipun amangsulakên siti dhusun. Mênawi dipun kêkahi, sampeyan angaturakên sêrat dhatêng kangjêng tuwan residhèn, anyuwun pitulungipun. Amêsthi rampung tumuntên.

Kawirêja: Sukur, mênawi kula botên kenging kapêksa, sumêlangipun manah kula, sarèhning kula botên suka kaonjot, mênawi kasuwun saking panjênênganipun kangjêng tuwan residhèn. <232>

Tuwan Anu: Sênajan kasuwuna saking kangjêng tuwan residhèn sampeyan inggih mawi kadangu, suka akalihan botênipun. Mênawi botên suka, siti dhusun amêsthi lajêng kawangsulakên ing sampeyan.

Kawirêja: Ing sapunika manah kula sampun bolong, amêrgi saking pratikêl sampeyan ingkang amêsthi badhe kula lampahi. Sampun saudara, kula sampeyan lilani mundur, badhe lajêng damêl sêrat dhatêng Tuwan Anu.

Tuwan Anu: Inggih saudara.

--- 122 ---

58. over de plechtigheden bij een huwelijk van den Vorst en het Tinkêbfeest voor een Vorstin

Tuwan Anu: Saudara, kula punika badhe sumêrêp pêkurmatanipun mênawi panjênênganing ratu krama, punapa sampeyan sumêrêp.

Radèn Ngabèi Kawiswara: Inggih sumêrêp. Ananging èngêt kula balênjatan, awit kula botên ngêbuki, mênawi wontên kêkiranganipun kemawon, mugi sampun andadosakên duka sampeyan.

Tuwan Anu: Botên, saèngêt sampeyan kemawon, mênawi wontên ingkang sampeyan kêsupèn, utawi botên sumêrêp, badhe kula pitakèkakên dhatêng sanèsipun.

Kawiswara: Sukur mênawi mêkatên. Mênggah pêkurmatan wau prêtelanipun <233> mêkatên, sadèrènging paningkah dalêm kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati mêkajangan wontên ing alun-alun, sêkatèn mungêl wontên ing srimênganti, sarêng ing dintên badhe paningkah dalêm kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kêdhaton, ngirid para Wêlandi mêrdika saha para upsir tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara sasêntananipun. Sêrta para putra sêntana dalêm pêpak. Kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati jawi lêbêt punapadene mas pêngulu, kêtib, ngulami, khaji, suranata, sami sowan wontên ing ngarsa dalêm. Sasampuning paningkah dalêm ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên monggang, anuntên wilujêng dalêm jatingarang mêdal.

Tuwan Anu: Paningkah dalêm punika wontên ing pundi, sêrta ingkang ningkahakên sintên.

Kawiswara: Paningkah dalêm wontên ing pêndhapi, ingkang ningkahakên mas pêngulu, sarêng wilujêng dalêm jatingarang sampun mêdal, anuntên kangjêng radèn adipati sakancanipun wêdana, kliwon, pênèwu, mantri, sami mêdal saking kêdhaton, angêpang wilujêng dalêm wontên ing pagêlaran. Ingkang sinuhun lajêng mundhut ngunjuk sêpisan, sasampuning ngunjuk, kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm ing pagêlaran, kasauran ing mêriyêm saking loji agêng, sarêng sampun ngunjuk kaping tiga, lajêng bibaran.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan punapa ngunjuk piyambak. Sêrta <234> ingkang kaunjuk punapa.

Kawiswara: Botên, ngunjuk akalihan kangjêng tuwan residhèn, sêrta para tuwan-tuwan sêdaya, wondening ingkang kaunjuk anggur.

Tuwan Anu: Sadanguning pêkurmatan wau pêngantèn putri wontên ing pundi.

--- 123 ---

Kawiswara: Wontên dalêm ing kêpatihan. Sontênipun wanci sêtêngah nêm garwa dalêm wau saking kêpatihan katimbalan lumêbêt. Ingkang kautus animbali sêntana pangeran sêpuh sêrta sêntana pangeran putra ing suwêtawis, kadhèrèkakên ing abdi dalêm wêdana kliwon jawi lêbêt sêrta prajurit sami anjajari titihan joli.

Tuwan Anu: Ingkang dipun jajari punika jolinipun sintên.

Kawiswara: Joli badhe titihanipun garwa dalêm. Mênggah ing radinan, wiwit saking kori pamêngkang dumugi ing kêpatihan mawi jajaran lêlayu sêrta umbul-umbul, tuwin gôngsa carabalèn punapadene mawi dilah sèwu. Sarêng jam nêm, kangjêng tuwan residhèn sêrta para Wêlandi mêrdika, para upsir, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara sasêntananipun sami wangsul lumêbêt dhatêng kêdhaton, pinarak wontên ing pêndhapi. <235>

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan pinarak wontên ing pundi.

Kawiswara: Inggih pinarak wontên ing pêndhapi, akalihan kangjêng tuwan residhèn. Sarêng pêngantèn putri rawuh ing kêdhaton, têdhak saking joli wontên ing pêndhapi, dipun kanthi ing kangjêng tuwan residhèn akalihan sêntana putri sêpuh, kalênggahakên jèjèr wontên ing kiwa dalêm. Botên dangu pêngantèn putri kabêkta lumêbêt dhatêng dalêm, lajêng kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm. Sasampuning têlas kurmat, ingkang sinuhun têdhak dhatêng dalêm lukar ngagêm kanigaran, anuntên pinarak ing pêndhapi malih, lajêng pista, sasampuning pista lajêng sami bibaran.

Tuwan Anu: Punapa sampun botên wontên malih pêkurmatanipun.

Kawiswara: Èngêt kula inggih namung punika.

Tuwan Anu: Mênggah pêkurmatanipun putra sêntana pangeran mênawi krama, punapa sami kados ingkang sampun sampeyan prêtelakakên wau.

Kawiswara: Botên, saudara, pêkurmatan pikramanipun pangeran agêng akalihan pangeran alit kamawon sanès.

Tuwan Anu: Punika kula inggih badhe sumêrêp.

Kawiswara: Inggih, ananging pêmanah kula priyogi kaurut, kawiwitan saking <236> pêkurmatan pêmbabaripun, anuntên pêkurmatan pikramanipun pangeran agêng tuwin pangeran alit.

Tuwan Anu: Punika priyogi sangêt, suwawi sampeyan prêtelakakên.

Kawiswara: Mênawi garwa dalêm kangjêng ratu ambobot, mawi dipun tingkêbi, sadèrèngipun [sa...]

--- 124 ---

[...dèrèngipun] kasiraman, kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kêdhaton angirid para Wêlandi mêrdika, para upsir, sêrta Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Punapadene para sêntana dalêm sami pêpak. Kangjêng radèn adipati sakancanipun para wêdana jawi lêbêt sami sowan wontên ing pêlataran.

Tuwan Anu: Mangke saudara, kula nyêlani pitakèn. Tiyang dipun tingkêbi punika wawrat pintên wulan.

Kawiswara: Wawrat pitung wulan têmbeyan.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên.

Kawiswara: Inggih, sasampuning garwa dalêm kangjêng ratu kasiraman wontên ing dalêm sakidulipun prabayasa, ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn kadhèrèkakên ing para sêntana sêpuh, têdhak nigas sinjang kasêmêkan.

Tuwan Anu: Punapa ikang kadamêl nigas kasêmêkan.

Kawiswara: Ingkang kadamêl nigas dhuwung. Sasampuning tigas, ingkang sinuhun wangsul lênggah ing pêndhapi malih, lajêng dhawah ngungêlakên kodhokngorèk. Anuntên hajat dalêm wilujêng mêdal, kangjêng radèn adipati sakancanipun para wêdana sami <237> ngêpang wilujêng dalêm wontên ing pagêlaran. Anuntên ingkang sinuhun ngunjuk akalihan kangjêng tuwan residhèn sêrta para tuwan-tuwan sêdaya, mawi kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm, tumuntên dhahar, sabibaring dhahar, kangjêng tuwan residhèn kondur, kadhèrèkakên ing para tuwan-tuwan sêdaya. Sampun têlas saudara, pêkurmataning tingkêbipun kangjêng ratu, sarèhning sapunika sampun dalu, kula kalilana mundur, benjing-enjing kula sowan malih, andumugèkakên prêtelanipun pêkurmatan tigang bab, ingkang dèrèng kula aturakên.

Tuwan Anu: Inggih saudara, sampeyan kula ajêng-ajêng sayêktos.

Kawiswara: Inggih saudara, mênawi têrang sêrta botên wontên pambêngan sanèsipun, kenging sampeyan pêsthèkakên sowan kula.

59. over de plechtigheden bij de geboorte en bij het huwelijk van een Prins

Tuwan Anu: Kula sampun andugi, yèn sampeyan botên èstu rawuh, awit sampun dalu.

Kawiswara: Angkah kula badhe sowan jam gangsal. Mila ngantos kêdalon, kula kêtilêman. Wau undur kula saking sowan dhatêng balemangu jam kalih, sasampuning <238> nêdha lajêng tilêm.

--- 125 ---

Tuwan Anu: Mênawi sampeyan botên sayah, kula badhe sumêrêp lampah-lampahipun pêkurmatan tigang bab, ingkang dèrèng sampeyan prêtelakakên.

Kawiswara: Botên, awit angsal kula tilêm tuwuk, wiwit saking sêtêngah tiga ngantos sêtêngah nêm.

Tuwan Anu: Kadospundi saudara, lampahing pêkurmatan babaranipun putra dalêm saking kangjêng ratu.

Kawiswara: Mêkatên. Mênawi garwa dalêm kangjêng ratu ambabar putra kakung, mawi têngara kaurmatan drèling prajurit kasauran ing mêriyêm. Dalunipun para bêndara sêpuh tuwin para putri sami anjagong, abdi dalêm niyaka sami saos bêkti wontên ing pêlataran, mawi kaparing cadhong sêkul sarampadanipun. Sarêng sêpêkênipun dauting pusêr, kangjêng tuwan residhèn sêrta para Wêlandi mêrdika, para upsir, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun sami lumêbêt dhatêng kêdhaton, para pangeran sêpuh anèm sami wontên ing pêndhapi, kangjêng radèn adipati sêrta para bupati tuwin wêdana pêmaosan sapênunggilanipun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm.

Tuwan Anu: Mênggah lêbêtipun kangjêng tuwan residhèn dhatêng kêdhaton saking kêrsanipun piyambak, punapa mawi dipun aturi. <239>

Kawiswara: Mawi dipun aturi ing panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Sasampuning panjênêngan dalêm ingkang sinuhun pinarak akalihan kangjêng tuwan residhèn, botên antawis dangu putra dalêm wau kaparingan nama Radèn Mas Anu, kadhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati, lajêng kawradinakên dhatêng sawêrninipun abdi dalêm niyaka, ingkang sami sowan wontên ing ngarsa dalêm wau.

Tuwan Anu: Ingkang mradinakên dhatêng para niyaka wau, punapa inggih ingkang sinuhun piyambak.

Kawiswara: Botên. panjênêngan dalêm ingkang sinuhun namung dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati, kangjêng radèn adipati ingkang mradinakên dhatêng abdi dalêm para niyaka. Sasampuning kawradinakên, anuntên panjênêngan dalêm ingkang sinuhun rêmbagan akalihan kangjêng tuwan residhèn, mênggah badhe pêngangkatipun putra dalêm wau nama pangeran adipati anom. Ananging pêngangkatipun punika mawi nyuwun dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral ing Bêtawi.

Tuwan Anu: Sintên ingkang nyuwun dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral.

Kawiswara: Panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Sasampuning rêmbagan wau, ingkang sinuhun lajêng mundhut ngunjuk, kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm. Sasampuning ngunjuk, kangjêng radèn adipati sakancanipun mêdal dhatêng pagêlaran. Anuntên [Anu...]

--- 126 ---

[...ntên] hajat dalêm mêdal, mawi kaurmatan ing gôngsa kodhokngorèk. panjênêngan <240> dalêm ingkang sinuhun lajêng dhahar wontên ing pêndhapi akalihan kangjêng tuwan residhèn, sêrta para tuwan-tuwan sêdaya, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Sabibaring dhahar, kangjêng tuwan residhèn lajêng kondur. Sampun têlas, saudara, pêkurmatan babaranipun putra dalêm, ing sapunika kula badhe mrêtelakaken pêkurmatanipun pangeran agêng mênawi krama.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, kadospundi lampah-lampahipun.

Kawiswara: Mêkatên saudara, sadèrèngipun ningkah, sêkatèn kawêdalakên wontên ing srimênganti, sêrta kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati mêkajangan wontên ing alun-alun. Sarêng ing dintên badhe pêningkahipun, kangjêng tuwan residhèn lumêbêt ing kêdhaton angirid pata tuwan-tuwan, sêrta Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati, punapadene wêdana pêmaosan, sami sowan wontên ing ngêrsa dalêm. Para pangeran sêpuh anèm pêpak wontên ing pêndhapi, anuntên pêngantèn pangeran agêng katimbalan dhatêng pêndhapi, sêrta kangjêng radèn adipati, mas pêngulu sakancanipun kêtib modin, sami minggah ing pêndhapi wontên ing ngarsa dalêm. Anuntên pangeran pêngantèn wau kaningkahakên dhatêng mas pêngulu.

Tuwan Anu: Sadèrèngipun kaningkahakên, pangeran pêngantèn wau lênggah <241> wontên ing pundi.

Kawiswara: Wontên ing gêdhong pêcarikan, sasampuning pragad paningkahipun, pangeran pêngantèn lajêng tabean kalihan kangjêng tuwan residhèn. Anuntên ngunjuk sêpisan, mawi kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm, pêngantèn lajêng kabêkta wangsul dhatêng gêdhong malih, kangjêng radèn adipati sêrta para niyaka dhatêng pagêlaran, hajat dalêm kawêdalakên dhatêng pagêlaran, mawi kaurmatan ing gôngsa kodhokngorèk. Sasampuning ngunjuk kaping tiga, kangjêng tuwan residhèn kondur.

Tuwan Anu: Dados botên mawi dhaharan, kados pêkurmatan babaranipun putra dalêm saking kangjêng ratu.

Kawiswara: Ing nalika pêningkahipun botên, namung yèn pêngantèn kapanggihakên, mawi dhaharan. Sontênipun wanci jam sêtêngah sêkawan abdi dalêm nêgari sami sowan wontên ing srimênganti, sêrta para sêntana sami pêpak wontên ing pêndhapi, botên dangu kangjêng tuwan residhèn lumêbêt ing kêdhaton angirid para tuwan-tuwan sêrta Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Pêngantèn lajêng kapanggihakên wontên ing dalêm agêng, sasampuning kapanggihakên, lajêng [la...]

--- 127 ---

[...jêng] pista wontên ing pêndhapi.

Tuwan Anu: Pêngantènipun punapa botên tumut dhahar wontên ing pêndhapi. <242>

Kawiswara: Botên, wontên ing dalêm agêng kemawon. Atur kula wau wontên ingkang kêkirangan, saudara.

Tuwan Anu: Punapa ingkang kêkirangan.

Kawiswara: Mênggah panggihipun putra akalihan putri wau mawi kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm.

Tuwan Anu: Lajêngipun kadospundi, saudara.

Kawiswara: Sabibaring dhêdhaharan, kangjêng tuwan residhèn kondur. Sarêng sêpêkêning panggihipun, pêngantèn ngujung dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sêrta dhatêng kangjêng ratu, anuntên kabêkta mêdal dhatêng dalêmipun marasêpuh utawautawi. dhatêng dalêmipun piyambak, kadhèrèkakên ing putra sêntana tuwin abdi dalêm nêgari, sêrta kangjêng radèn adipati punapadene para tumênggung. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun pêkurmatan pikramanipun putra dalêm pangeran alit.

Kawiswara: Inggih, mênggah paningkahipun putra dalêm pangeran alit, inggih mawi kajênêngan ing kangjêng tuwan residhèn. Sasampuning pragad paningkahipun, pêkurmatan tuwin lampah-lampahipun inggih sami kados ingkang sampun kula aturakên wau, kaotipun namung panggihing pêngantèn botên mawi kajênêngan ing kangjêng tuwan residhèn, wondening sontên sadèrènging panggihipun pêngantèn kangjêng <243> radèn adipati sakancanipun para bupati sami sowan dhatêng kêdhaton. Sasampuning pêngantèn kapanggihakên wontên ing dalêm, botên dangu lajêng kabêkta mêdal dhatêng kêpatihan, mawi mampir dhatêng loji, tabean akalihan kangjêng tuwan residhèn.

Tuwan Anu: Lampahipun pêngantèn dhatêng kêpatihan nitih punapa, saudara.

Kawiswara: Pêngantènipun kakung nitih titihan, pêngantèn putri nitih joli. Sasampuning tabean kalihan kangjêng tuwan residhèn, lajêng bidhal dhatêng kêpatihan.

Tuwan Anu: Pêngantèn wau punapa namung tabean kemawon, botên mawi lênggah.

Kawiswara: Mawi lênggah sêkêdhap, sêrta kasêgah ngunjuk wedang êtèh utawi wedang kopi. Sarawuhipun ing dalêm kêpatihan, prajurit ingkang andhèrèkakên sami drèl wontên plataran ing kêpatihan, kasauran ing mêriyêm.

--- 128 ---

Para bêndara pangeran sami lênggahan wontên ing pêndhapi, anuntên kangjêng tuwan residhèn pinarak dhatêng kêpatihan akalihan tuwan-tuwan ing suwêtawis. Sasampuning dhaharan, kangjêng tuwan residhèn lajêng kondur.

Tuwan Anu: Pangantènipun lênggah wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Lênggah wontên ing dalêm. Sarêng êlêt sêdalu, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun sêrta kangjêng ratu têdhak dhatêng kêpatihan mawi kasukan ing suwêtawis. Botên dangu lajêng kondur. Sarêng sampun sêpêkên, pêngantèn katimbalan <244> dhatêng kêdhaton, kadhèrèkakên ing kangjêng radèn adipati sêrta para tumênggung, mawi kapêthuk ing putra sêntana saking kêdhaton ing suwêtawis sêrta mawi jajaran lêlayu punapadene gôngsa sami mungêl. Sarawuhipun ing kêdhaton, lajêng sami ngujung wontên ing dalêm agêng, sasampuning ngujung, pêngantèn wau kaparingakên mêdal dhatêng dalêmipun sêntana ingkang sêpuh utawi dhatêng dalêmipun piyambak. Kangjêng radèn adipati tuwin wêdana pêmaosan môncanêgari sami andhèrèkakên. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Lampah-lampahing pêkurmatan gangsal bab, ingkang sampun sampeyan prêtelakakên wau badhe kula sêrati sêdaya, supados sampun ngantos kêsupèn.

Kawiswara: Priyogi mêkatên, saudara.

Tuwan Anu: Nanging wontên malih, saudara, ingkang badhe kula sumêrêpi.

Kawiswara: Punapa.

Tuwan Anu: Lampah-lampah pêkurmatanipun mênawi panjênênganing ratu surud.

Kawiswara: Inggih, saudara, ananging benjing-enjing kemawon kula prêtelakakên, awit kula ing sapunika badhe anjagong dhatêng Jayanêgaran.

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

60. over de plechtigheden bij het overlijden van een Vorst

Tuwan Anu: Kondur sampeyan saking anjagong wau dalu jam pintên. <245>

Kawiswara: Pêndugi kula jam kalih, angkah kula badhe mantuk bêdhug, ananging kabêthêng ing jawah, dados ngêntosi têrangipun.

Tuwan Anu: Inggih, jawahipun wau dalu kados dipun êsokakên sêrta dangu. Sampeyan wau dalu punapa mawi kêsukan sêtotêr.

Kawiswara: Inggih, dipun pêksa-pêksa dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawirêja, kula turuti ngantos kawon sèkêt rupiyah, pênuju sampun têrang, [tê...]

--- 129 ---

[...rang,] kula lajêng mantuk. Yèn sampuna têrang tumuntên kados kathah kawon kula, awit kula botên patos sagêd sêrta botên rêmên.

Tuwan Anu: Kula andumugèkakên pênyuwun kula wingi, bab pêkurmatan sedanipun panjênênganing ratu, mênawi parêng, kula mugi kasumêrêpna.

Kawiswara: Inggih, mênggah lampah-lampahing pêkurmatan mêkatên. Sarêng sangêtipun ing gêrah dalêm, kangjêng tuwan residhèn sêrta tuwan sukêtaris lumêbêt dhatêng kêdhaton, anampèni pêngandika dalêm pasrah kraton dhatêng Kangjêng Pangeran <246> Adipati Anom. Mênawi dumugi ing seda, kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati, tuwin kêliwon pênèwu mantri sami mêkajangan wontên ing alun-alun. Layon dalêm kawiyosakên dhatêng mêsjid ing panêpèn sêrta kasiraman. Sasampuning kasiraman, kasalatakên ing mas pêngulu sakancanipun kêtib, modin, khaji, suranata tuwin pradikan nêgari, lajêng kalêbêtakên ing tabêla.

Tuwan Anu: Kangjêng tuwan residhèn akalihan tuwan sukêtaris, sasampuning nampèni pasrah dalêm wau, punapa lajêng kondur.

Kawiswara: Ingkang kondur namung tuwan sukêtaris kemawon, kangjêng tuwan residhèn tugur wontên ing gêdhong pêcarikan. Para bêndara sami nglêmpak wontên ing plataran panêpèn, kangjêng radèn adipati sêrta para wêdana sami tugur wontên ing plataran wetan.

Tuwan Anu: Kangjêng tuwan residhèn ênggènipun tugur wontên salêbêting kêdhaton ngantos pintên dintên.

Kawiswara: Ngantos sajumênêngipun nata kangjêng pangeran adipati anom. Enjingipun sêtêngah pitu layon dalêm kaangkatakên. Ingkang ngrêmbat saking panêpèn putra sêntana sêdaya, upacara kêraton sami kaulêsan pêthak, kaampil wontên sangajênging layon dalêm. kangjêng gusti pangeran adipati anom <247> kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn, wontên sawingkinging layon dalêm. Sarêng rawuh ing kori sarasêja, kaurmatan drèling prajurit kaping tigang rambahan, sêrta mêriyêm, kasauran ing mêriyêm saking loji agêng.

Tuwan Anu: Mêriyêm wau ngantos mungêl kaping pintên.

Kawiswara: Kaping sêlikur. Sarêng layon dalêm dumugi ing kori brajanala, putra sêntana ingkang ngrêmbat wau kèndêl, kagêntosan ing abdi dalêm ngulami, kêtib, pradikan dumugi ing Gadhing, kangjêng gusti pangeran adipati anom sêrta para putra sêntana tuwin kangjêng tuwan residhèn sami wangsul ing kori brajanala wau, kangjêng tuwan residhèn manggèn malih wontên ing gêdhong pêcarikan. Para sêntana punapadene abdi dalêm sêdaya sami tugur, botên kenging mantuk, mênawi Kangjêng [Kang...]

--- 130 ---

[...jêng] Gusti Pangeran Adipati Anom dèrèng jumênêng nata, pangrêmbating bandhosa wau sarêng dumugi ing Gadhing, katampenan ing abdi dalêm nêgari, dumugi ing Purwadadi katampèn ing abdi dalêm gêladhag. Dumugi ing Kleca, lajêng katampèn karêmbat ing kuli dumugi ing Imagiri, layon dalêm wau kasarèkakên ing Imagiri, wangsulipun upacara kêraton wau wontên ing Kêrtasura, wondening ingkang lajêng andhèrèkakên dhatêng Imagiri, prajurit dragundêr Wêlandi, prajurit jawi miji pinilih, gêdhong kiwa têngên, wêdana jawi pênumping akalihan wêdana sèwu, wêdana môncanêgari kêkalih sêrta abdi dalêm lêlurah para gusti ing kêdhaton, punapadene abdi dalêm anon-anon.

Tuwan Anu: Kangjêng pangeran adipati anom punapa botên mawi ambucal sêrat dhatêng Nyayogyakêrta, bab surud dalêm wau. <248>

Kawiswara: Ingkang kabucalan sêrat tigang nêgari, 1. ing Ngayogya, katur kangjêng sultan, 2. ing Bêtawi, katur kangjêng tuwan guprênur jendral, 3. ing Madura, katur kangjêng sultan. Sarawuhipun layon dalêm wontên ing Pêkên Agêng, kapêthuk ing tumênggung Ngayogya sêtunggil, kurmat saking kangjêng sultan. Tumênggung wau andhèrèkakên ngantos dumugi ing Imagiri.

Tuwan Anu: Panjênênganing ratu mênawi seda, punapa botên mawi sêlawat kados tiyang alit.

Kawiswara: Mawi, saudara, patêdhan dalêm sêlawat dhatêng abdi dalêm sèwu reyal anigang dasa uwang. Sasampuning layon dalêm rawuh ing Imagiri, lajêng kalêbêtakên ing kêluwat, abdi dalêm ingkang andhèrèkakên sami mantuk. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Mêkajanganipun, yèn wontên ratu seda, ngantos pintên dintên.

Kawiswara: Ngantos sawontênipun ingkang jumênêng ratu.

Tuwan Anu: Ingkang nama pangeran agêng tuwin pangeran alit, punika ingkang pundi, saudara.

Kawiswara: Pangeran agêng mêkatên, 1. kangjêng gusti pangeran adipati <249> anom, 2. pangeran sêdhèrèking ratu, ingkang tunggil rama ibu, 3. pangeran alit ingkang kaganjar nama pangeran adipati utawi panêmbahan, sêrta asongsong gilap, wondening pangeran alit punika, putra utawi sêdhèrèking ratu, ingkang miyos saking garwa sêlir.

Tuwan Anu: Sangêt bingah sêrta têrima kasih kula, sampeyan sumêrêpakên lampah-lampahing pêkurmatan wau sêdaya.

Kawiswara: Ing benjing mênawi sampun sampeyan sêrati sêdaya, kula badhe [ba...]

--- 131 ---

[...dhe] sumêrêp.

Tuwan Anu: Inggih.

Kawiswara: Mênawi wontên ingkang têksih kirang, badhe kula wêwahi, ing sapunika kula sampeyan lilani mundur, mênawi wontên kêrsa sampeyan andangu ing bab sanèsipun, anggêr kula sumêrêp amêsthi andadosakên bingah kula.

Tuwan Anu: Sakêlangkung bingah kula, dene sampeyan dhangan amitulungi.

61. over verbodene zaken.

<250> Tuwan Anu: Saudara, sampeyan kula saosi dhêsthar akalihan nyamping, dadosa prêtôndha pamitran.

Radèn Ngabèi Kawiswara: Inggih nuwun, saudara, ananging kauningana, sinjang punika kula botên kenging ngangge.

Tuwan Anu: Sabab dening punapa, saudara.

Kawiswara: Amêrgi saking awisan. Punika bathikanipun parang rusak, agêmipun ingkang sinuhun sêrta para putra sêntana, yèn tiyang alit kados kula, botên kenging ngangge.

Tuwan Anu: Kula botên sumêrêp, yèn sinjang wontên ingkang awisan, botên kenging kaangge ing cok tiyanga, mêngke kula kintuni sanèsipun, ingkang kenging sampeyan agêm.

Kawiswara: Inggih saudara, ananging kauningana, aliya saking parang rusak wontên malih pênunggilanipun, ingkang kêlêbêt ing awisan.

Tuwan Anu: Punapa, saudara, kula mugi sampeyan sumêrêpakên, supados kula sampun angintuni, ingkang kêlêbêt ing awisan.

Kawiswara: Sinjang bathik, ingkang dados awisanipun ing ratu, 1. parang <251> rusak, 2. sawat, 3. udan riris, 4. sêmu kirang, 5. parang rusak barong, 6. parang rusak kêlithik, 7. rujak senthe tuwin parikêsit, 8. parang kusuma, 9. parang wèsthi, 10. parang kêrna, 11. parang kurung, 12. sêmèn jalêngut, 13. sawêrninipun bathikan ingkang mawi êlar rangkêp, punika sêdaya agêm dalêm ingkang sinuhun sêrta para putra sêntana.

Tuwan Anu: Kula sawêg sumêrêp sapunika. Aliya saking punika punapa wontên malih, ingkang dados awisanipun ing ratu.

Kawiswara: Wontên, kados ta cêlana cindhe bunton, ingkang kenging ngagêm watês kangjêng radèn adipati sapênginggil.

--- 132 ---

Tuwan Anu: Cindhe bunton mêkatên, cindhe ingkang kados punapa.

Kawiswara: Cindhe bunton mêkatên, ingkang kabucal sorotipun. Mênawi sorotipun katêksihakên, bupati akalihan kliwon kenging ngangge.

Tuwan Anu: Punapa malihipun, saudara, ingkang dados awisaning ratu.

Kawiswara: Kuluk ingkang awisan, 1. bêrci biru, 2. kanigara, ingkang kenging ngagêm kangjêng radèn adipati saha para putra sêntana, mênawi kuluk bêrci cêmêng, ingkang kenging ngangge watês kêliwon sapênginggil.

Tuwan Anu: Dados bupati botên kenging ngangge kuluk bêrci biru, akalihan <252> kanigara.

Kawiswara: Botên, anggènipun ing bupati kuluk pêthak akalihan bêrci cêmêng, mênggah kuluk pêthak wau, anggènipun abdi dalêm watês bupati sapêngandhap.

Tuwan Anu: Kula sêpisan ningali garêbêg, sumêrêp wiyos dalêm ingkang sinahunsinuhun. saking kêdhaton badhe têdhak dhatêng siti inggil, kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn, kampuh dalêm ing wingking wontên ingkang nglawèr panjang, mawi kacêpêngan ing tiyang èstri, para pangeran ingkang lumampah wontên ing ngarsa dalêm, kampuhipun botên mawi kacêpêngan mêkatên. Punika kula dèrèng pikantuk mangêrtosipun.

Kawiswara: Kampuh ingkang ing wingking nglawèr panjang punika nama kunca, panyêpêngipun nama ngampil. Ingkang wênang kampuhan ngumbar kunca sêrta mawi kaampil, namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun, ewadèntên pêngantèn, yèn nalika kapanggihakên, kenging angumbar kunca sêrta mawi kampil. Wondening para putra sêntana mênawi kampuhan, kuncanipun kaubêd-ubêdakên ing wrôngka.

Tuwan Anu: Kalih dening, kalanipun kula ningali garêbêg wau, èngêt kula ingkang ngagêm cênela namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun.

Kawiswara: Inggih, cênela punika kalêbêt ing awisan, nanging para pangeran kanging ngagêm cênela mênawi botên wontên ing ngarsa dalêm, kalih <253> dening malih, kampuhan botên mawi wêdhung, kulukan botên mawi nyamat, ingkang wênang namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Para putra sêntana, kangjêng radèn adipati sapêngandhap, mênawi kampuhan, kêdah mawi wêdhung, kulukipun kêdah mawi nyamat, punapa malih kampuh mawi balênggi, ingkang kenging ngangge watês kêliwon sapênginggil.

Tuwan Anu: Kangjêng pangeran adipati anom mênawi kampuhan punapa inggih kêdah mawi wêdhung.

--- 133 ---

Kawiswara: Inggih, nanging kenging ngagêm kuluk botên mawi nyamat.

Tuwan Anu: Kula rumiyin dipun cêriyosi dhatêng Tuwan Yan, yèn dhuwung kêmalon abrit inggih awisan. Punapa yêktos mêkatên.

Kawiswara: Inggih, dhuwung kêmalon abrit punika agêmipun panjênêngan dalêm ingkang sinuhun sêrta para putra sêntana, mêkatên ugi mêndhak, ingkang botên mawi êri pandhan tuwin wêrôngka kajêng cêndhana. Ukiran tunggak sêmi, ingkang kenging ngangge mantri sapênginggil.

Tuwan Anu: Punapa yêktos, saudara, botên kenging tiyang nyothe, kudhung utawi songsongan wontên ing alun-alun.

Kawiswara: Inggih yêktos, punika kalêbêt ing awisan. Ananging songsongan <254> wau kenging mênawi jawah, utawi ambêkta lare alit, kaêmban utawi kagendhong, mêkatên ugi kudhung. Kalih dening malih, tiyang numpak kapal, kreta utawi sanèsipun, wontên ing alun-alun êlèr, inggih botên kenging, kêjawi saking pêngantèn. Nuntun kapal kemawon wontên sakidulipun wêringin sêngkêran ing alun-alun êlèr botên kenging.

Tuwan Anu: Punapa awisanipun ing ratu wau kaèstokakên sêdaya.

Kawiswara: Ing jaman sapunika sampun kathah ingkang purun nêrak awisan ing suwêtawis, kados ta numpak kapal utawi kreta wontên ing alun-alun angangge dhuwung kêmalon abrit ukiran tunggak sêmi wrôngka kajêng cêndhana.

Tuwan Anu: Mênawi wontên tiyang purun-purun nêrak awisanipun ing ratu, punapa botên wontên paukumanipun.

Kawiswara: Kala ing jaman kina, sawêg têksih kêncêngipun ing prentah, mênawi wontên ingkang purun-purun nêrak awisanipun ing ratu, karampasan pênganggènipun. Nanging pêngrampasipun angêmungakên ingkang dados awisan kemawon.

Tuwan Anu: Saupami tiyang sanès bawah, kados ta tiyang Ngayogya dhatêng nêgari ing Surakêrta angangge awisaning ratu, punapa inggih karampasan. <255>

Kawiswara: Inggih, mêkatên malih tiyang ing Surakêrta, mênawi dhatêng nêgari ing Ngayogya, purun-purun angangge awisanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan, inggih karampasan.

Tuwan Anu: Bab awisan wau panapa kasêbut wontên ing sêrat anggêr.

Kawiswara: Inggih, kasêbut wontên ing sêrat anggêr arubiru, ing bab ingkang wêkasan pisan. Ananging wêrninipun ing pêngangge ingkang dados awisan, botên kasêbutakên.

--- 134 ---

Tuwan Anu: Punapa wontên malih awisanipun ing ratu.

Kawiswara: Mangke kula èngêt-èngêt rumiyin, kados têksih wontên. Nanging kula mangsuli rumiyin atur kula ing sampeyan bab kuluk tanpa nyamat wau, punika têksih kêkirangan. Têtêpipun ingkang ngagêm kuluk botên mawi nyamat namung, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun akalihan kangjêng gusti pangeran adipati anom. Nanging ing sapunika para pangeran wontên ingkang kulukan mawi nyamat wontên ingkang botên. Kalih dening malih kulukan mawi jungkat ing jawi, ingkang wênang namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun sêrta para pangeran. Mênggah pênunggilanipun ingkang kêlêbêt ing awisan, ukup tanpa sorot, ukup pita, cêlana gubêgan, sabuk bathik, dhuwung sambilan, epok kajêng lugas, ikêt modang, <256> ikêt bangun tulak têpèn, pêngangge sarwa wulang asabuk cindhe abrit.

Tuwan Anu: Cêlana gubêkan akalihan dhuwung sambilan mêkatên punapa, saudara.

Kawiswara: Mênawi cindhe, ingkang kabucal sorotipun, mênawi kêstin, bêludru utawi sêngkêlat, ingkang botên mawi renda, wondening dhuwung sambilan ingkang botên mawi kandêlan botên kêmalon.

Tuwan Anu: Kula ningali kathah tiyang dhusun anyambil. Punapa botên kenging ing awisan.

Kawiswara: Sênajan tiyanga dhusun, mênawi lumêbêt ing kori gapit, inggih dipun awisi.

Tuwan Anu: Kula kêrêp ningali tiyang lumampah ngangge tudhung, sarêng dumugi ing alun-alun, tudhungipun kapocot. Punika punapa inggih kêlêbêt ing awisan.

Kawiswara: Inggih, punika sêsaminipun tiyang kudhung, ingkang sampun kula prêtelakakên wau. Kalih dening malih, tiyang èstri botên kenging ngambah sakidulipun wringin sêngkêran ing alun-alun êlèr. Tiyang èstri botên kenging angambah ing siti inggil, mênawi botên sembongan utawi pinjungan. Tiyang lumêbêt ing kori gapit, botên kenging ambêkta sênjata mêtêng, noncong waos, nyangking pêdhang, manggul epok utawi nyênyunggi, mêkatên malih lante sêrta songsong abrit utawi cêmêng, botên kenging kabêkta lumêbêt ing <257> kori gapit.

Tuwan Anu: Wontên tiyang ingkang sanjang dhatêng kula, kapal maesa utawi lêmbu momotan botên kenging lumêbêt ing kori gapit. Punapa inggih yêktos.

Kawiswara: Inggih yêktos. Punika pênunggilanipun ing awisan.

--- 135 ---

Wontên malih awisanipun ing ratu, bab ungêling gôngsa, 1. botên kenging tiyang nabuh gôngsa ing dintên Jumungah, sadèrèngipun bakda, 2. anyarêngi monggang ing dintên Sêptu, 3. yèn sêkatèn mungêl, 4. yèn panjênêngan dalêm ingkang sinuhun mantu, 5. tiyang salêbèting bètèng botên kenging nabuh gôngsa, mênawi botên sampun kalilan ing panjênêngan dalêm ingkang sinuhun.

Tuwan Anu: Tiyang ingkang griya salêbêting bètèng, mênawi badhe nabuh gôngsa, punapa nyuwun piyambak dhatêng ingkang sinuhun.

Kawiswara: Botên. Jujugipun dhatêng nyai tumênggung, punika ingkang ngunjukakên ing sampeyan dalêm.

Tuwan Anu: Prêtela sampeyan ing ngajêng wau botên kenging tiyang numpak kapal utawi kreta wontên ing alun-alun. Kangjêng radèn adipati sapêngandhap, mênawi sowan numpak kapal utawi kreta, punapa inggih mawi mêdhun. <258>

Kawiswara: Inggih, êdhunipun wontên ing gladhag, lajêng dharat dhatêng ing pêsowanipun piyambak-piyambak. Yèn kangjêng radèn adipati, kenging songsongan dumugi saêlèring wringin sêngkêran, mênawi bupati sapêngandhap kengengipun songsongan namung dumugi ing gladhag utawi ing gledhegan.

Tuwan Anu: Songsongipun punapa katilar.

Kawiswara: Botên, nanging kaingkupakên.

Tuwan Anu: Sampun dangu anggèn kula lêlênggahan kalihan sampeyan, kula badhe mantuk. benjing-enjing sontên jam gangsal mênawi sampeyan parêng, kula wangsul mriki malih, anyuwun sumêrêp samukawis ingkang dèrèng kula sumêrêpi, sêmantên punika mênawi botên andadosakên ribêding galih sampeyan.

Kawiswara: O botên, saudara, kula malah bingah sangêt wontên kêrsa sampeyan pinarak dhatêng griya kula, sêrta yèn kula sagêd anglêgakakên galih sampeyan.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, kula mantuk.

Kawiswara: Inggih, kula andhèrèkakên wilujêng.

62. over de plechtigheden bij inhuldiging van een Vorst

<259> Tuwan Anu: Kula rumiyin sampun sampeyan sumêrêpakên lampahing pêkurmatan pikramanipun panjênênganing ratu kalih pêkurmatan pêmbobotipun garwa dalêm kangjêng ratu sêrta pêmbabaripun, punapadene pêkurmatan pikramanipun pangeran [pa...]

--- 136 ---

[...ngeran] agêng tuwin pangeran alit, saha pêkurmatan sedanipun panjênênganing ratu, ananging pêkurmatan jumênêngipun ing ratu dèrèng, punika kula badhe sumêrêp.

Radèn Ngabèi Kawiswara: Inggih, mênggah pêkurmatanipun mêkatên. Sasampuning kangjêng gusti pangeran adipati anom ngaturi sêrat dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral ing bab sedanipun ingkang rama, anuntên kangjêng tuwan guprênur jendral wau anglampahakên kumisaris kêkalih dhumatêng nêgari ing Surakêrta, ingkang badhe ngangkat kangjêng gusti pangeran adipati anom kajumênêngakên nata. Lêbêtipun kangjêng tuwan kumisaris kêkalih watuwau. dhatêng kêdhaton, èngêt kula enjing wanci jam sêdasa, sarêng kalihan kangjêng tuwan residhèn sêrta para Wêlandi mêrdika tuwin para upsir, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Sasampuning pêpak sêdaya, anuntên kaundhangakên wontên ing pêndhapi, yèn kangjêng gusti pangeran adipati anom kajumênêngakên nata, anggêntosi panjênênganipun <260> ingkang rama.

Tuwan Anu: Sintên, saudara, ingkang ngundhangakên jumênêngipun nata kangjêng pangeran adipati anom.

Kawiswara: Ingkang ngundhangakên kangjêng tuwan residhèn, mawi maos sêrat cara Wêlandi, kasisihan ing cara Jawi, ingkang maos jawinipun tuwan juru basa. Sasampuning têlas pêmaosipun, kangjêng tuwan kumisaris kêkalih saha kangjêng tuwan residhèn, punapadene para tuwan-tuwan sêdaya, tabean akalihan ingkang jumênêng nata enggal. Anuntên ingkang sinuhun kaagêman bintanging kêraton sêrta kaaturan pinarak ing dhampar.

Tuwan Anu: Ingkang ngagêmi bintang sêrta ngaturi pinarak ing dhampar sintên.

Kawiswara: Kangjêng tuwan kumisaris wau. Sasampuning ngunjuk kaping tiga, anuntên mas pêngulu, para ngulami, sêrta abdi dalêm suranata, maos donga kêraton. Satêlasing pêmaosipun, ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan kumisaris têdhak dhatêng siti inggil, pinarak ing bangsal witana, wontên ing ngriku kaundhangakên malih, kados kalanipun wontên ing pêndhapi wau, lajêng kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm.

Tuwan Anu: Ingkang maos undhang wontên ing siti inggil punapa inggih <261> têksih kangjêng tuwan residhèn akalihan tuwan juru basa.

Kawiswara: Inggih. Sasampuning ngunjuk kaping tiga, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan kumisaris, têdhak saking siti inggil dhatêng pagêlaran. Wontên ing ngriku anitih kreta Kyai Dhudha, angubêngi sajawining kêdhaton. Sauruting mêrgi mawi jajaran lêlayu, umbul-umbul, gêndera, songsong [song...]

--- 137 ---

[...song] agung punapadene gôngsa, para putra sêntana andhèrèkakên. Abdi dalêm prajurit miji pinilih, tamtama, carangan, sami numpak kapal wontên ing ngajêng, ing wingking upacara dalêm. Anuntên kagungan dalêm titihan kapal, kasambêtan ing ampilan êmas banyak dhalang sapênunggilanipun. Sasampuning ngubêngi kêdhaton, pinarak malih wontên ing siti inggil. Botên antawis dangu lajêng kondur ngêdhaton, pinarak ing pêndhapi malih.

Tuwan Anu: Kangjêng tuwan kumisaris, sêrta kangjêng tuwan residhèn, punapa tumut mêlêbêt ing kêdhaton.

Kawiswara: Inggih, tindak dalêm kondur wau kanthèn akalihan kangjêng tuwan kumisaris. Sasampuning tata lênggah wontên ing pêndhapi, garwa dalêm kaangkat nama Ratu Kêncana, ibu dalêm garwanipun sinuhun ingkang sampun seda kapundhut namanipun, kalintu nama Kangjêng Ratu Agêng, anuntên kangjêng tuwan kumisaris sêrta kangjêng tuwan residhèn kondur. Sarêng ing sêdintên punika ugi wanci jam tiga utawi sêtêngah <262> sêkawan, kangjêng tuwan kumisaris akalihan kangjêng tuwan residhèn tindak dhatêng kêdhaton, pinarak ing prabayasa kalihan panjênêngan dalêm ingkang sinuhun, anandhakakên sêrat prêjangjeyan dalêm akalihan kangjêng guphrêmèn.

Tuwan Anu: Mangke, saudara, kula nyêlani pitakèn. Sintên ingkang ngangkat garwa dalêm nama Ratu Kêncana, sêrta anglintu nama Ratu Agêng dhumatêng ibu dalêm.

Kawiswara: Panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Anuntên ingkang sinuhun nandhani asta sêrta ngêcapi sêrat prêjangjeyan wau akalihan kangjêng tuwan kumisaris, para pangeran sêpuh, kangjêng radèn adipati, saha para niyaka sami tumut anandhani sêrta angêcapi, sarêng sampun, kangjêng tuwan kumisaris sêrta kangjêng tuwan residhèn kondur, ing dintênipun malih wanci sontên, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun kaaturan pista dhatêng loji residhenan, sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun punapa botên ngaturi sêrat dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral mênawi sampun kajumênêngakên nata.

Kawiswara: Inggih, saudara, kula ingkang kêsupèn matur, dhatêng ing Nyayogyakêrta sêrta dhatêng ing Madura, ingkang sinuhun inggih ngaturi sêrat, kalih <263> dening malih kula kêsupèn matur, mênggah langkung dalêm ing loji agêng, badhe têdhak dhatêng loji Residhenan wau, mawi kaurmatan ing mêriyêm saking loji agêng kaping sêlikur.

Tuwan Anu: Punika sêdaya badhe kula cathêti, supados sampun ngantos kêsupèn.

Kawiswara: Inggih, priyogi sangêt kêrsa sampeyan mêkatên punika.

--- 138 ---

Tuwan Anu: Benjing-enjing mênawi sampeyan dhangan, kula badhe nyuwun sumêrêp lampahing pêkurmatan yèn ingkang sinuhun miyos garêbêg.

Kawiswara: Anggêr botên kêpambêngan ing sukêr sakit, kula sakêlangkung saking dhangan.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, kula badhe mantuk.

Kawiswara: Inggih.

63. over de plechtigheden bij gelegenheid van de Garêbêg's

Kawiswara: Wingi sampeyan kula ajêng-ajêng botên rawuh.

Tuwan Anu: Inggih, mila kula botên dhatêng, anak kula ingkang alit sakit pilêk sêrta watuk mawi kasrêpên. Ing sapunika sampun sêkeca.

Kawiswara: Ing sapunika wêradin lare pilêk sêrta watuk mawi kasrêpên. Nanging enggal mantunipun.

Tuwan Anu: Inggih. Dhatêng kula punika. saudara, mênawi sampeyan <264> parêng, badhe andumugèkakên pênyuwun kula bab lampahing pêkurmatan, mênawi ingkang sinuhun miyos garêbêg.

Kawiswara: Inggih, pêkurmatanipun mêkatên. Sarêng ing dintên dhawahing garêbêg Mulud Siyam utawi Bêsar, enjing wanci jam sêdasa ingkang sinuhun utusan priyantun wêdana lêbêt kêkalih dhatêng loji, angaturi kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kêdhaton. Saunduripun priyantun wêdana wau saking loji, antawis botên dangu kangjêng tuwan residhèn nitih kreta dhatêng kêdhaton, angirid para tuwan-tuwan mêrdika, tuwin para upsir, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Sarawuhipun ing kêdhaton, kangjêng tuwan residhèn sêrta para tuwan-tuwan wau tabean akalihan panjênêngan dalêm ingkang sinuhun, lajêng sami tata lênggah.

Tuwan Anu: Punika lênggah wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Wontên ing pêndhapi. Ingkang sinuhun pinarak ing dhampar majêng ngalèr, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm. Para pangeran sêpuh pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan, para tuwan-tuwan saha Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara pinarak ing kursi wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn. Wondening para pangeran ênèm sami lênggah ing ngandhap, <265> wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan.

Tuwan Anu: Para pangeran ênèm ingkang sami lênggah ing ngandhap wau, panggenanipun [pangge...]

--- 139 ---

[...nanipun] punapa inggih ing pêndhapi.

Kawiswara: Inggih. Botên antawis dangu ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn, miyos dhatêng siti inggil. Kangjêng gusti pangeran adipati anom kanthèn kalihan tuwan sukêtaris wontên ing ngarsa dalêm. Sarawuhipun ing siti inggil, ingkang sinuhun pinarak ing bangsal witana, gôngsa monggang mungêl sêrta rêdèn lumampah mêdal dhatêng mêsjid Agêng. Satêlasing rêdèn, monggang kasuwuk, ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên gôngsa Kyai Sêkar Dalima.

Tuwan Anu: Rêdèn wau sadèrèngipun kawêdalakên, panggenanipun wontên ing pundi, sêrta lampahipun dhatêng mêsjid Agêng mêdal ing pundi.

Kawiswara: Sadèrèngipun kawêdalakên, panggènanipun wontên ing sajawinipun kori kêmandhungan ingkang sisih wetan, dados sasêlanipun ing kori gapit akalihan kori kêmandhungan wau, wondening lampahipun dhatêng mêsjid Agêng mêdal ing siti inggil ingkang sisih kilèn. Anuntên ngunjuk sêpisan wilujêngipun ing garêbêg, kaurmatan drèling prajurit tamtama akalihan miji pinilih, sami anigang rambahan, kasauran ing mêriyêm. <266>

Tuwan Anu: Prajurit miji pinilih akalihan tamtama, ingkang drèl wau panggenanipun baris wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Wontên ing siti inggil, prajurit tamtama wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn, prajurit miji pinilih wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan.

Tuwan Anu: Mêriyêm ingkang kaungêlakên wau panggenanipun wontên ing pundi.

Kawiswara: Wontên sajawinipun ing pagêlaran ingkang sisih lèr. Anuntên ingkang sinuhun dhawah dhatêng priyantun wêdana lêbêt kêkalih, ingkang sami lênggah wontên ing ngarsa dalêm, andikakakên dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati, angêpang hajat dalêm wontên ing mêsjid Agêng, sêrta ambagi ingkang wradin dhatêng abdi dalêm sêdaya.

Tuwan Anu: Kangjêng radèn adipati sowan wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Wontên ing pagêlaran. Priyantun wêdana kêkalih wau lajêng mêdal dhatêng pagêlaran, andhawahakên pêngandika dalêm dhatêng kangjêng radèn adipati, wangsulipun saking pagêlaran dhatêng siti inggil wontên ing ngarsa dalêm malih, mawi munjuk, mênawi pêngandika dalêm sampun kadhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati. Sasampuning ngunjuk rambah kaping wolu, ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên gôngsa ingkang wontên ing alun-alun sêdaya. <267>

Tuwan Anu: Punika dhawah dhatêng sintên, saudara.

Kawiswara: Dhawah dhatêng priyantun wêdana lêbêt kêkalih wau. Botên antawis [anta...]

--- 140 ---

[...wis] dangu ingkang sinuhun kondur, wondening tatanipun ing lampah kondur dalêm inggih kados wiyos dalêm wau. Sarawuhipun ing kêdhaton, pinarak ing pêndhapi malih, lajêng ngunjuk wedang pêrêsan. Sarêng sampun, botên dangu kangjêng tuwan residhèn kondur, mawi ngaturi pista ing loji dhatêng kangjêng gusti pangeran adipati anom, akalihan dhatêng para pangeran sêpuh anem sêdaya, kangjêng radèn adipati sêrta para niyaka jawi lêbêt, inggih sami kaaturan.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun punapa botên mawi dipun aturi pista.

Kawiswara: Botên. Ingkang sampun dados adat, mênawi pista garêbêg, namung kangjêng gusti pangeran adipati anom, ingkang dipun aturi.

Tuwan Anu: Têdhakipun kangjêng pangeran adipati anom dhatêng loji punapa sarêng kalihan kangjêng tuwan residhèn.

Kawiswara: Inggih, malah tunggil sakêreta kalihan kangjêng tuwan residhèn. Sarêng langkungipun ing loji agêng, kangjêng gusti pangeran adipati anom wau kaurmatan ing mêriyêm saking loji agêng kaping tiga wêlas. Sabibaring pista, konduripun kangjêng gusti pangeran adipati anom kadhèrèkakên ing tuwan sukêtaris. <268> Salangkungipun ing loji agêng inggih kaurmatan ing mêriyêm, kados ingkang sampun kula aturakên wau.

Tuwan Anu: Bibaripun ing pista adat wanci jam pintên.

Kawiswara: Jam sêtêngah tiga utawi jam tiga.

Tuwan Anu: Pêngandika sampeyan wau, ingkang sinuhun sarêng pinarak wontên ing bangsal witana ngunjuk rambah kaping wolu, ingkang sêpisan wilujênging garêbêg. Lajêngipun ngantos kaping wolu wilujêngipun sintên.

Kawiswara: 1. Wilujênging garêbêg, 2. wilujêngipun kangjêng raja ing nêgari Wêlandi saputra sêntananipun, 3. wilujêngipun kangjêng tuwan guprênur jendral, 4. wilujêng dalêm ingkang sinuhun, 5. wilujêngipun kangjêng tuwan residhèn, 6, wilujêngipun kangjêng gusti pangeran adipati anom, 7. wilujêngipun putra sêntana dalêm, 8. wilujêngipun pulo Jawi.

Tuwan Anu: Kula rumiyin dipun cêriyosi ing tiyang, mênawi garêbêg, ingkang sinuhun mawi têdhak dhatêng mêsjid Agêng, punapa yêktos mêkatên.

Kawiswara: Inggih, mênawi garêbêg Mulud ing taun Dal.

Tuwan Anu: Mênggah lampah-lampahipun punapa sami akalihan ingkang sampun sampeyan prêtelakakên wau. <269>

Kawiswara: Wontên sanèsipun sêkêdhik. Wondening sanèsipun namung mêkatên. Sarêng ingkang sinuhun sampun ngunjuk sêpisan wontên ing siti inggil, sêrta sampun kaurmatan ing drèl tuwin mêriyêm, lajêng têdhak dharat miyos dhatêng mêsjid Agêng, [A...]

--- 141 ---

[...gêng,] kanthèn akalihan kangjêng tuwan residhèn. Sarawuhipun ing surambi, ingkang sinuhun pinarak ing dhampar wontên ing kobong majêng ngetan. Kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm tunggil sakobong, para tuwan-tuwan wontên ing têngên dalêm lênggah ing kursi majêng ngetan, para pangeran sêpuh wontên ing têngên dalêm, sami pinarak ing kursi majêng ngetan. Anuntên ingkang sinuhun dhawah dhatêng mas pêngulu, andikakakên andonga wilujêng dalêm ing garêbêg Mulud taun Dal.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun punapa dhawuh piyambak dhatêng mas pêngulu.

Kawiswara: Inggih. Sakèndêlipun andonga, ingkang sinuhun dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati, andikakakên ngêpang hajat dalêm sêrta ambagi ingkang wêradin dhatêng abdi dalêm sêdaya, anuntên ingkang sinuhun têdhak saha pinarak ing siti inggil malih, sasampuning ngunjuk jangkêp kaping wolu, mênggah lajênging pakurmatan sami kados<270> ingkang sampun kula aturakên wau, wedangipun ngantos asrêp, botên kaunjuk.

Tuwan Anu: Ngangkah punapa, saudara, yèn kula malah doyan ingkang ragi asrêp.

Kawiswara: Bab pêkurmatanipun ing garêbêg wau punapa inggih kêrsa sampeyan cathêti.

Tuwan Anu: Inggih, yèn botên kula cathêti, botên wande kêsupèn. Mênawi sampun kula pemuti badhe kula pintokakên ing sampeyan. Sarèhning panjang, bokmênawi wontên ingkang cèwèt.

Kawiswara: Priyogi sangêt, saudara.

Tuwan Anu: Sarèhning sampun dalu, kula badhe mantuk.

Kawiswara: Inggih, saudara, kula andhèrèkakên wilujêng.

64. over de buffel- en tijger-gevechten in den Kraton. Vrg. Javaansche brieven no. 186.

Tuwan Anu: Radèn ngabèi, aku anjaluk pitulung ing kowe anyurupake laku-lakune, yèn kangjêng sunan miyos ing dalêm Sênèn utawa Kêmis nganggo adu-adu kêbo karo macan banjur ngrampog macan. <271>

Radèn Ngabèi Kawiradya: Apa kowe durung tau nonton adu-adu lan nonton ngrampog macan.

Tuwan Anu: Uwis kêrêp bae, nanging aku ora nganggo nitèni laku-lakuning [laku-laku...]

--- 142 ---

[...ning] pêkurmatan, sing dak prêlokake mung nonton tarunging macan karo kêbo tuwin pêngrampoging macan.

Kawiradya: Prêlune apa kowe arêp sumurup laku-lakuning pêkurmatan iku.

Tuwan Anu: Arêp dak tulisi, sabab aku dijaluki pitulung marang kêwanuhanaku Wêlônda ing Bêtawi, anggawèkake prêtelane wiyos dalêm, yèn ngêrsakake ngadu-adu lan ngrampog macan.

Kawiradya: Sing kotakokake iku apa wiwitane pisan, sadurunge panjênêngan dalêm ingkang sinuhun miyos.

Tuwan Anu: Iya, urutên nganti sabubare ngadu-adu lan ngrampog.

Kawiradya: Wiwitane mêngkene, esuk wayah jam sanga ingkang sinuhun pinarak ing pêndhapa, banjur andhawuhake pêrentah mênyang abdi dalêm gandhèk, angaturi kangjêng tuwan residhèn. Barêng kangjêng tuwan residhèn têdhak tutug ing pêndhapa, ingkang sinuhun jumênêng banjur miyos, kanthèn karo kangjêng tuwan residhèn.

Tuwan Anu: Liyane tuwan residhèn, apa ora ana manèh sing malêbu <272> ing kêdhaton.

Kawiradya: E iya, aku kêlalèn. Tindake kangjêng tuwan residhèn mênyang kêdhaton karo tuwan sukêtaris sêrta ngirid tuwan-tuwan mêrdika, apadene upsir ing suwêtara, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntanane. Tuwan sukêtaris anganthi kangjêng gusti pangeran adipati anom.

Tuwan Anu: Wiyos dalêm saka ing kêdhaton, kanthèn karo tuwan residhèn apa kaya yèn pênuju garêbêg.

Kawiradya: Iya. Barêng tutug ing pagêlaran, panjênêngan dalêm pinarak ing bangsal pêngrawit, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi ana ing kiwa dalêm, para tuwan-tuwan padha lungguh ing kursi ana sajabaning bangsal ambanjêng mêngalor marêp ngetan, para pangeran sêpuh pinarak ing kursi arêp-arêpan karo para tuwan-tuwan mau.

Tuwan Anu: Para pangeran ênom padha lênggah ing êndi.

Kawiradya: Padha lênggah ngisor, ana ing têngên dalêm. Sawise panjênêngan dalêm ingkang sinuhun pinarak, kangjêng radèn adipati sakancane wêdana kliwon pênèwu mantri maju ing ngarsa dalêm, banjur kadangu, kêbone apa wis kaajoake mênyang pêngadon lan macane, kang bakal diadu sêrta kêbone apa <273> wis tau kaadu karo macan. Barêng kangjêng radèn adipati wis munjuk kang dadi pêndangu mau, anuli inuman maju ing ngarsa dalêm, ingkang sinuhun banjur ngunjuk wilujênge [wilujêng...]

--- 143 ---

[...e] kangjêng raja ing nagara Wêlônda.

Tuwan Anu: Apa anggêr kêbo wani diadu karo macan.

Kawiradya: Lagi tuture priyayi kalang kang duwe ladèn, ora cok kêboa wani diadu karo macan. Jarene ana pêthèke kang pancèn wani. Sawise ngunjuk mau, ingkang sinuhun majêng, pinarak ing dhampar sakiduling pêngadon. Kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi ana ing kiwa dalêm, kangjêng radèn adipati sakancane lungguh ngisor marêp ngulon. Sauwise ngadu-adu, kangjêng radèn adipati kadhawuhan tata gêgaman sakancane, ingkang sinuhun kanthèn karo kangjêng tuwan residhèn minggah ing panggung bakal aningali ngrampog macan, banjur pinarak ing dhampar, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi, para tuwan-tuwan kang milu munggah ing panggung padha ngadêk bae. Barêng macan kang dirampog wis padha mati, ingkang sinuhun têdhak saka ing panggung, akanthèn karo kangjêng tuwan residhèn, banjur pinarak manèh ana ing bangsal pêngrawit.

Tuwan Anu: Mungguh tataning lênggah, apa ora owah kaya kang wus kotuturake mau. <274>

Kawiradya: Ora. Barêng ingkang sinuhun wis pinarak, kangjêng radèn adipati sakancane sowan ing ngarsa dalêm, nuli kadangu baris kang ditêmpuh ing macan sêrta panggonan patining macan. Ingkang sinuhun banjur ngunjuk sêrambahan manèh wilujêng dalêm. Sawise ngunjuk, ingkang sinuhun andangu môngsa, lan bab abdi dalêm wong tani, kang sêsawah nganggo banyu udan lan kang nganggo banyu kali apadene gêdhe ciliking banyu kali.

Tuwan Anu: Sing didangu iku sapa.

Kawiradya: Kangjêng radèn adipati. Sawise kangjêng radèn adipati munjuk kang dadi pêndangu mau kabèh, ingkang sinuhun ngunjuk sêrambahan manèh wilujênge kangjêng tuwan residhèn, banjur kondur.

Tuwan Anu: Unining gamêlan nalikane ngadu-adu apa iku kang diarani monggang.

Kawiradya: Dudu, yèn ngadu-adu utawa ngrampog, gêndhinge galaganjur, monggang mono kang diunèkake ing dina Sêptu.

Tuwan Anu: Elingku biyèn, dhèk aku nonton adu-adu, wong kang ana sandhuwuring pêngadon nganggo nyiram banyu mênyang kêbone, iku banyu apa lan apa pêmurihe.

Kawiradya: Iku banyu kêmadhuh. Kêmadhuh iku godhong, gatêle angluwihi, yèn kêbone didêlêng rada wêdi mênyang macan, banjur disiram ing banyu <275> kêmadhuh, dipurih galake, gatêling kêmadhuh iku kang anangèkake kuwanène, [kuwanè...]

--- 144 ---

[...ne,] apa isih ana manèh kang bakal kotakokake.

Tuwan Anu: Ora, pêngrasaku wis têrang.

Kawiradya: Aku iki mau arêp têgar, kandhêg dening têkamu.

Tuwan Anu: Saiki isih durung kasèp, yèn kowe arêp têgar. Wêtaraku iki lagi sêtêngah nênêm, sêdhênge wong têgar, ora panas. Aku iya gêlêm milu têgar.

Kawiradya: Ayo.

65. over de vruchten van Java, de Doekoen's en de geneesmiddelen

Tuwan Anu: Kula wingi midêr-midêr dhatêng pêkên Agêng, aningali tiyang sade wowohan anglangkungi saking kathah, ingkang kula sumêrêpi namung pisang akalihan nanas sêrta jêram. Aliya saking punika kula dèrèng sumêrêp namanipun, tuwin ecanipun katêdha akalihan botênipun. Punapa ing tanah Jawi ngriki kathah wowohan ingkang eca katêdha.

Radèn Ngabèi Kawitana: Kathah, saudara, mênawi sampeyan badhe sumêrêp namanipun, kula kados sagêt amêstani sêtunggil-sêtunggilipun.

Tuwan Anu: Wowohan punapa ingkang sampun limrah katêdha. <276>

Kawitana: Ingkang sampun limrah katêdha, manggis, pijêtan, langsêp, kokosan, dhuku, rambutan, durèn, pêlêm, kuwèni, pakèl, kwèlêm, jêram, kêpundhung, jirak, nôngka, dalima, kêpêl, pisang, maja, kuwista, jambu, nanas, katès, mêlinjo, bêndha, kilayu, kêleca, sêmak, sarangan, dhuwêt, mulwa, surikaya, salak, mundhu, gowok, kêmojing, katilômpa, kêtos.

Tuwan Anu: Ingkang sampeyan prêtelakakên wau, punapa sêdaya eca katêdha.

Kawitana: Botên têrtêmtu eca sêdaya, kados ta pijêtan, langsêp, kokosan, dhuku, rambutan, pêlêm, kuwèni, kwèlêm, jêram, kêpundhung, jirak, nanas, dhuwêt, mundhu, gowok, wontên ingkang lêgi wontên ingkang kêcut. Kêleca, sêmak, salak, wontên ingkang lêgi wontên ingkang sêpêt.

Tuwan Anu: Pisang ingkang kula tingali kadhasarakên wontên ing pêkên wêrni-wêrni, wontên ingkang agêng, wontên ingkang panjang ragi gèpèng, wontên ingkang cêndhak alit, punika punapa sanès-sanès namanipun.

--- 145 ---

Kawitana: Inggih, saudara, sami-sami wowohan, ingkang kathah wêrninipun pisang, pêlêm, jêram, jambu.

Tuwan Anu: Punika kula badhe sumêrêp, mugi sampeyan sumêrêpakên.

Kawitana: Inggih, wêstaning pisang: raja, raja kusta, êmas, bêcici, pulut, kêluthuk, saba, kidang, gabu, garaita, ambon, kêpok, raja brêntêl, êbyok, raja taun, raja wêlingi, raja awu, raja urang, raja lumut, raja talun, raja dhèngkèl, raja blitung, raja sèwu, longok, rama, klemas, kêle, jambe, pulut salak, kêpyur, kêluthuk sukun. Wêstaning pêlêm, malam, bêku, êndhog, sêrowot, sêngir, bala, podhang, balênyik, bêlabur, tali jiwa, canthuk, gônda, wulung, dodol, dodol madu, dodol sari, dodol carang, dodol sêdayu, tinggi, gadhung, poh, nanas, kunir, kopèk, kêtela, santog, gandhik.

Tuwan Anu: Kathah sangêt wêstaning pisang punika, kula etang wêrni tigang dasa sêtunggil.

Kawitana: Dhasaripun pisang kathah piyambak wêrni-wêrninipun, atur kula wau èngêt-èngêtan kemawon. Kados têksih wontên ingkang kêlangkungan, wondening wêstaning jêram, kêprok, kranjang, pacitan, gêlundhung, butun, kuwik, kingkit, lawe, ranjam, lètèr, kêdhu, katès, pêcêl, purut, bali. Wêstaning jambu: klampok, lêgèn, dêrsana, wèr, bol, pêthokal, krikil, kêluthuk, galar, klampok arum. <278>

Tuwan Anu: Etang kula ingkang nami pisang wêrni tigang dasa sêtunggil, pêlêm wêrni pitu likur, jêram wêrni gangsal wêlas, jambu wêrni sanga.

Kawitana: Inggih, punika èngêt-èngêtan kemawon. Kados têksih wontên ingkang kêlangkungan, nanging botên kathah. Aliya saking wowohan, ingkang sampun kula prêtelakakên wau, wontên malih ingkang kenging katêdha, anama pala kapêndhêm akalihan pala kêsimpar.

Tuwan Anu: Punapa.

Kawitana: Ingkang nama pala kapêndhêm, bêsusu, kênthang, kacang cina, gadhung, uwi, gêmbili, gêmbolo, talês, linjik, kimpul, senthe, walur, kêtela, suwêg. Ingkang nama pala kêsimpar, sêmôngka, timun, krai, waluh.

Tuwan Anu: Mênggah ingkang sampun sampeyan prêtelakakên ingkang wiwitan pisan wau nama pala punapa.

Kawitana: Punika nama pala gumantung.

--- 146 ---

Tuwan Anu: Kula botên nyana mênawi ing tanah Jawi kathah wowohan ingkang eca kathêdha.

Kawitana: Sêmantên punika aliya saking wowohan ingkang saking tanah sabrang, sêtunggil kalih ing ngriki sampun wontên ingkang nanêm uwitipun sêrta sampun mêdali, nanging kula dèrèng sumêrêp wêstanipun.

Tuwan Anu: Têksih wontên malih ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan. Mênawi andadosakên parênging galih sampeyan mugi kasumêrêpna. <279>

Kawitana: Sumôngga, anggêr kula sumêrêp ingkang badhe kadangokakên, kula inggih sakêlangkung saking dhangan.

Tuwan Anu: Ing nêgari Surakêrta punapa wontên dhukunipun Jawi, ingkang anjampèni sêsakit.

Kawitana: O kathah, saudara.

Tuwan Anu: Ingkang dados dhukun punika tiyang jalêr punapa tiyang èstri.

Kawitana: Jalêr inggih wontên, èstri inggih wontên.

Tuwan Anu: Punapa ingkang kangge kadamêl jampi.

Kawitana: Punika kathah wêrninipun. Wontên anggi-anggi, wontên gêgodhongan, wontên êmpon-êmpon utawi oyod-oyodan.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan sumêrêp wêstaning anggi-anggi tuwin gêgodhongan ingkang asring kadamêl jampi.

Kawitana: Kathah ingkang kula sumêrêpi, ananging botên sumêrêp kanggenipun kadamêl anjampèni sêsakit. Awit kula botên sumêrêp ing ngèlmi pêdhukunan.

Tuwan Anu: Kula inggih badhe sumêrêp kemawon namaning anggi-anggi akalihan gêgodhongan ingkang kadamêl jampi.

Kawitana: Namaning anggi-anggi kathah sangêt. Ingkang sampun kula sumêrêpi, namung <280> pucuk ganthi, kalêmbak, jênitri, kapulaga, sintok, manis jangan, kajêng lêgi, pulasari, masoyi, saprantu, jintên cêmêng, jintên pêthak, adas, trawas, gêlam, jong rahab, klabêt, mungsi, pule, rasukangin, racak, mimi, jamur impês, majakan, crakên, jokêling, jêlawe, mêriyos, kumukus, cabe, sêcang, rasamala, cêndhana jênggi, pala, kajêng tinja, mênyan, tunjung, prusi, tawas, waron, unêm, gandhèk, têgari, têgêrang, jadhêm, panawar jambe, balêndok pilang, pêgatsih, ulêt-ulêt.

Tuwan Anu: Sêdaya punika punapa wêdalan ing tanah Jawi.

Kawitana: Botên, saudara, kathah ingkang wêdalan ing tanah sabrang, namung

--- 147 ---

ingkang wêrni gêgodhongan, wêdalan ing tanah Jawi, kados ta sampang, tikusan, ila-ila, sôngka, slangking, sèmbukan, lampês, sêmbung, widasari, urêk-urêk polo, pintèn, dhêmpo lêlêt, godhong asêm, kandhayaan, krêmah, krokot, injên-injênan, poksor, bayêm lêmah, bayêm raja, bayêm gatêl, godhong pare ayam, saga, kêtèpèng, katu, bêsaran, patikan, têtêr, irah-irahan, dhukut jarêm, karuk nangsi, cèplukan, sôngga langit, <281> lêng-lêngan, mêniran, sambang colok, sidaguri, ipit, papasan, timunan, landêp, rau, godhong kacipir, godhong lombok, godhong kelor, godhong wuni, apa-apa, kara, tapak liman, ranti, têmpuh wiyung, waung, jalumampang, samanggi gunung, kumuning, kêdoya, dhuwêt, godhong surèn, kênthang, dhadhap srêp, kêmladhehan, waluh, kêdhondhong, wora-wari bang, wora-wari rumpuk, pupus jambe, godhong randhu.

Tuwan Anu: Kathahing anggi-anggi mèh sami kalihan gêgodhongan ingkang kadamêl jampi.

Kawitana: Inggih. Mênggah gêgodhongan ingkang sampun kula prêtelakakên wau, mênawi kadamêl jampi wontên ingkang salin nama, kados ta: godhong asêm, dhukun amêstani sinom, godhong kacipir cêthèthèt, godhong lombok sabrang, godhong kelor limaran, godhong wuni mojar, godhong pare ayam tundhung, godhong injên-injênan dingkik, pupus jambe dêdêl, godhong randhu sêmara kandhi.

Tuwan Anu: Tiyang Jawi ingkang kadamêl urus-urus punapa.

Kawitana: Kalimrahanipun crakèn, kalêmbak, tuwin godhong jarak cina, punapadene kunci. Suwênèh dhukun mênawi anjampèni tiyang sakit, botên mawi anggi-anggi utawi gêgodhongan ingkang sampun kula aturakên wau <282> namung isarat toya, têrkadhang toya klapa kemawon kadonganan, kaombèkakên dhatêng ingkang sakit. Têrkadhang tiyang sakit mripat utawi abuh, punapadene tatu, namung kaidonan kemawon utawi kadilatan.

Tuwan Anu: Sêkêdhik punika ngumor-umori, têka panggenaning sakit mawi kaidonan utawi kadilatan. Aliya saking mêkatên, punapa sagêd mantun, namung kajampenan idu kemawon.

Kawitana: Namung kadamêl bêbasan kemawon kaidonan, yêktosipun kajapanan, mawi kaidonan sêkêdhik. Nanging angsalipun ngidoni botên kados tiyang idu makatên. Saèmpêr namung kados tiyang wicantên nyiprat idunipun. Wondening ingkang sampun kêlampahan wontên ingkang mantun, wontên ingkang botên, mawi-mawi bêgjanipun ingkang anjampèni akalihan ingkang dipun jampèni. [jampè...]

--- 148 ---

[...ni.]

Tuwan Anu: Wêstaning êmpon-êmpon dèrèng sampeyan prêtelakakên.

Kawitana: Wêrni-wêrnining êmpon-êmpon botên kathah kados gêgodhongan. Sasumêrêp kula namung têmulawak, têmu giring, têmu glènyèh, têmu lathi, têmu cêmêng, têmu poh, têmu badhur, lêmpuyang gajah, lêmpuyang prit, lêmpuyang kapur, kunir, sunthi, jae, kêncur, dringo, bêngle, kunci pêpêt, kunci kuning, kunci pêthak, laos.

Tuwan Anu: Êmpon-êmpon wau sêdaya punapa sami wêdalan ing tanah Jawi. <238>

Kawitana: Inggih, ing pêkên kathah tiyang sade êmpon-êmpon. Kula mangsuli pêndangu sampeyan bab dhukun wau, wontên dhukun suwênèh, mênawi dipun undang badhe dipun kèn anjampèni tiyang sakit, anggènipun anyukani jampi mawi milih dintên ingkang sae, mênawi pênuju dintên sangar, botên purun lumampah utawi anyukani jampi.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa.

Kawitana: Sabab punika dintên awon. Pitajêngipun tiyang Jawi, punika dintên turunipun sakathahing sêsakit sêrta bilai, mêkatên ugi tiyang badhe kêkesahan utawi gadhah damêl, mênawi pênuju sangar kasêrantosakên.

Tuwan Anu: Kula badhe sumêrêp awon saening dintên. Mênawi parêng mugi sampeyan sumêrêpakên.

Kawitana: Kula sakêlangkung dhangan nyumêrêpakên. Nanging sarèhning sapunika sampun dalu, sêrta badhe jawah, kula mugi sampeyan lilani mundur, benjing-enjing kula sowan malih.

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

66. over de ongelukkige dagen en de vermijding daarvan. Vrg. Tijdschrift voor Neêrlands Indië, 5de jaargang, 1ste deel, bl. 609-611

Tuwan Anu: Sakêlangkung bingah kula sampeyan rawuh. Sampeyan wau <284> punapa saking ing dalêm kemawon.

Kawitana: Inggih, nanging mawi mampir ing Pacinan sêkêdhap, ngupados sêngkêlat ijêm botên angsal.

Tuwan Anu: Sêngkêlat ijêm kakêrsakakên badhe kadamêl punapa, mênawi

--- 149 ---

botên kathah, kula gadhah.

Kawitana: Badhe kula damêl sikêpan. Kalih elo kemawon kados cêkap.

Tuwan Anu: Mênawi namung kalih elo, kula gadhah, mangke kula pêndhêt. Lah punika, saudara, wêrninipun. Mênawi cêkap kadamêl sikêpan, kula saosakên ing sampeyan.

Kawitana: Sangêt pênuwun kula sampeyan paringi. Kala rumiyin kula sampun nate akèn damêl sikêpan sêngkêlat, lêbêtanipun namung kalih elo, amêsthi inggih cêkap.

Tuwan Anu: Punika malah langkung sêtêbah kalih elonipun. Sampeyan pinarak, saudara.

Kawitana: Inggih. <285>

Tuwan Anu: Mênawi parêng, kula andumugèkakên pênyuwun kula wingi, badhe sumêrêp ingkang dipun wêstani dintên sangar.

Kawitana: Inggih. Yèn ing wulan Sura akalihan Sapar, sangaripun dintên Sêptu akalihan Ngahad. Ing wulan Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, sangaripun dintên Sênèn akalihan Slasa. Ing wulan Jumadilakir, Rêjêb, Ruwah, sangaripun dintên Rêbo akalihan Kêmis. Ing wulan Siyam, Sawal, Dulkangidah, sangaripun dintên Jumungah. Ing wulan Bêsar, sangaripun dintên Sêptu akalihan Ngahad.

Tuwan Anu: Punapa sampun mêsthi, yèn tiyang anjêjampèni utawi kêkesahan punapadene gadhah damêl pênuju dintên sangar, botên priyogi kêdadosanipun.

Kawitana: Botên nama mêsthi mêkatên. Ananging adat asring botên priyogi ingkang pinanggih, alitipun manggih rêribêt, agêngipun manggih bilai, mêkatên ingkang dados pitajêngipun tiyang Jawi, ananging kula piyambak sampun anglampahi kêkesahan pênuju dintên sangar, têka wilujêng, têrkadhang sanèsipun kula inggih sampun wontên ingkang nglampahi mêkatên. Malah kula sampun sumêrêp tiyang ingkang kêkesahan pênuju botên dintên sangar, têka amanggih bilai, ananging sarèhning sampun dados pitajênganipun tiyang kina, mila ngantos ing sapunika kathah <286> ingkang ngèstokakên, dados kayêktosan kawon dening adat.

Tuwan Anu: Saupami sampeyan anampèni dhawahing pêrentah pênuju dintên sangar, kautus dhatêng ing pundi-pundia, punapa botên sampeyan lampahi tumuntên.

Kawitana: Mênawi dhawah wau botên pêrlu, inggih kula sarèhakên. Bilih [Bi...]

--- 150 ---

[...lih] prêlu, inggih kula lampahi tumuntên. Ananging mênggah anglampahi dhawahing pêrentah utawi dhawahing ratu, ingkang lêrês botên mawi milih dintên ingkang sae, anyingkiri dintên sangar wau namung ing pêdamêlanipun piyambak. Sêmantên punika inggih namung pêdamêlan ingkang kenging kasarèhakên.

Tuwan Anu: Aliya saking dintên sangar, punapa wontên malih ingkang dipun singkiri ing tiyang Jawi.

Kawitana: Wontên, dipun wêstani nahasing wulan.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun nahas.

Kawitana: Nahas punika tiyang Jawi ngriki amêstani têmbung Arab, têgêsipun sami akalihan sangar, sangar punika Kawi, têgêsipun busik, singkir.

Tuwan Anu: Wulan punapa ingkang nahas.

Kawitana: Wulan ingkang wontên nahasipun pitu, Sura, Rabingulakir, Jumadilawal, Siyam, Sawal, Dulkangidah, Bêsar.

Tuwan Anu: Dintên punapa ingkang sangar salêbêtipun wulan pitu wau. <287>

Kawitana: Mênawi ing wulan Sura, tanggal kaping 13 nahas, kala Kangjêng Nabi Ibrahim dipun obong dhatêng Raja Namrud. Ing wulan Rabingulakir tanggal kaping 16 nahas, kala Kangjêng Nabi Yusup kalêbêtakên ing sumur. Ing wulan Jumadilawal tanggal kaping 5 nahas, kala Kangjêng Nabi Ênuh dipun kêlêm. Ing wulan Siyam tanggal kaping 21 nahas, kala Kangjêng Nabi Musa pêrang akalihan Raja Pirngon. Ing wulan Sawal tanggal kaping 3 nahas, kala Kangjêng Nabi Adam katurunakên saking swarga. Ing wulan Dulkangidah tanggal kaping 24 nahas, kala Kangjêng Nabi Yunus dipun untal ing ulam nun. Ing wulan Bêsar tanggal kaping 25 nahas, kala Kangjêng Rosulullah kagutuk ingkang waja.

Tuwan Anu: Kula rumiyin dipun cêriyosi dhatêng Radèn Ngabèi Kawiradya, tiyang Jawi mênawi badhe kêkesahan, yèn wontên prêkawis, mawi isarat ing sadèrèngipun kesah, punika punapa yêktos.

Kawitana: Inggih yêktos. Isarat wau saking anggènipun anglêluri lampahipun para Nabi saha para sahabat Rasul. Mênawi kêkesahan ing dintên Ngahad, isaratipun ngangge sumping, punika lampahipun Kangjêng Nabi Yusub. Ing dintên Sênèn anatap lêlandhêp, lampahipun Bagendha Ngumar. Ing <288> dintên Sêlasa manggang tangan ing latu, lampahipun Bagendha Abu Bakar. Ing dintên Rêbo kudhung sinjang, lampahipun Kangjêng Nabi Ayub. Ing dintên Kêmis tumênga ing langit, lampahipun Bagendha Ali. Ing dintên Jumungah kêkêmu, lampahipun Kangjêng Nabi Muhammad. Ing dintên Sêptu, ngandhut siti, kadèkèk ing pusêr, lampahipun Kangjêng Nabi Adam.

--- 151 ---

Tuwan Anu: Punika punapa pêmurihipun.

Kawitana: Namung supados wilujênga lampahipun. Tiyang Jawi punika saudara, kathah ênak-ênikipun. Aliya saking ingkang sampun kula aturakên wau têksih wontên malih ingkang dipun lêluri sêrta kaèstokakên, kados ta: watêking wuku, watêking taun, sangating kêlairan, lampahing naga, watêking windu, takbiranipun ing grahana srêngenge akalihan rêmbulan, ngêlamating lindhu, ngêlamating kêdut, ngêlamating supêna, ngêlamat ungêling pêksi prênjak utawi dhandhang, isaratipun ing têtanèn, dalasan badhe ngadêgakên griya sapênunggilanipun utawi badhe nênanêm, mawi amilih wulanipun ingkang sae.

Tuwan Anu: Punika sêdaya kula kêpingin badhe sumêrêp.

Kawitana: Inggih saudara, benjing kula damêlakên ingkang têrang, ing sapunika <289> kula sampeyan lilani mundur, kula badhe lajêng dhatêng ing Kawiswaran, anjênêngi panggihing pêngantèn.

Tuwan Anu: Inggih, kula ing sapunika inggih dhatêng ing Pacinan ngupados kêrtas Wêlandi, badhe kula damêl nêdhak sêrat Arjuna Sasrabau Kawi.

67. over de Dalangs en hun kennis van het Kawi, en verklaring van een paar coupletten van de Bråtå-joedå-Kawi

Tuwan Anu: Kala ing malêm Ngahad kula ningali ringgit wêcucal ing dalêmipun Radèn Ngabèi Kawiradya ngantos sadalu natas, Radèn Ngabèi Kawiswara kalih Radèn Ngabèi Kawindra inggih wontên. Sanjangipun Radèn Ngabèi Kawiradya dhatêng kula, sampeyan inggih dipun aturi.

Radèn Ngabèi Kawitana: Inggih, ananging kala sêmantên kula pênuju sakit ngêlu, mila botên dhatêng, aliya saking panjênêngan sampeyan, tamunipun Wêlandi malih sintên.

Tuwan Anu: 1. Tuwan Yakob, 2. Tuwan Yan, 3. Tuwan Pit, 4. Tuwan Kêlas, 5. Tuwan Bastian. <290>

Kawitana: Lampahanipun punapa, saudara.

Tuwan Anu: Wêstaning lampahan kula botên sumêrêp. Ingkang kacriyos, kala Prabu Krêsna jumênêng ratu wontên ing Dwarawati.

Kawitana: Punika dipun wêstani lampahan Kunjara Krêsna. Sampeyan punapa mangêrtos sêdaya wicantêning dhalang.

Tuwan Anu: Kathah ingkang botên kula sumêrêpi, awit mawi dipun êmori [êmor...]

--- 152 ---

[...i] Kawi, nanging uruting cêriyos kula sumêrêp sêdaya, wiwitan ngantos dumugi bibaripun.

Kawitana: Sampun ingkang panjênêngan sampeyan, yèn sumêrêpa ing Kawi, bôngsa kula tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp.

Tuwan Anu: Punapa mêkatên, saudara.

Kawitana: Inggih, panjênêngan sampeyan kula aturi andangu dhatêng Radèn Ngabèi Kawirêja, utawi dhatêng Radèn Ngabèi Kawiswara tuwin dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra punapadene dhatêng Radèn Ngabèi Kawiradya, dalasan dhalang sampun sampeyan galih pêtitis sumêrêpipun dhatêng Kawi.

Tuwan Anu: Kula sawêg sumêrêp sapunika, mênawi tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp ing Kawi, wondening dhalang sampeyan wêstani botên pêtitis sumêrêpipun dhatêng Kawi, punika adamêl eraming manah kula, mila mêkatên, lêrêsipun ingkang mêsthi sumêrêp dhalang, awit garapanipun ringgit wêcucal sêrta punika ingkang dados pêngupajiwanipun.

Kawitana: Lêrêsipun inggih mêkatên, nanging kayêktosanipun botên. <291> kathah tiyang ingkang nêgêsi Kawi awaton dugi-dugi, saking lumuhipun kawêstanan botên sumêrêp. Kados ta ada-adanipun ing ringgêtringgit. purwa, punika sêdaya pamêndhêtipun saking sêrat Kawi, kula mêsthèkakên anggêr tiyang sumêrêp sêdaya.

Tuwan Anu: Ada-ada punika pamêndhêtipun saking sêrat punapa.

Kawitana: Saking sêrat Bratayuda Kawi, saking sêrat Rama Kawi, saking sêrat Arjuna Sasrabau Kawi, saking sêrat Wiwaha Kawi.

Tuwan Anu: Kula punika ta kêpingin badhe sumêrêp ing Kawi, sumêja amêndhêt guru dhalang, nanging manah kula lajêng cuwa mirêng pêngandika sampeyan wau.

Kawitana: Mênawi sampeyan kêrsa sumêrêp têmbung Kawi, kula mriyogèkakên anggêguru dhatêng Radèn Ngabèi Kawirêja, awit punika pujôngga agêng, sakêrsa sampeyan kados botên cuwa.

Tuwan Anu: Lah punika Radèn Ngabèi Kawirêja dhatêng. Sampeyan pinarak, saudara.

Kawirêja: Inggih. Sampeyan punapa sampun dangu adhi ngabèi.

Kawitana: Dèrèng. Sampeyan wau sawêg kula raosi akalihan saudara sampeyan tuwan.

Kawirêja: Inggih. <292>

Kawitana: Saudara sampeyan tuwan badhe sumêrêp têmbung Kawi, kêrsanipun badhe mundhut guru dhalang, sarêng kula matur mênawi dhalang botên pêtitis sumêrêpipun dhatêng [dha...]

--- 153 ---

[...têng] Kawi, galihipun lajêng cuwa, kula mriyogèkakên apuruhita dhatêng panjênêngan sampeyan, sakêrsanipun kados botên cuwa.

Kawirêja: Kula punika botên rumaos gadhah kêsagêdan. Tiyang kathah amêstani pujôngga, yêktosipun taksih tidha-tidha, ewadèntên mênawi dipun kêrsakakên dhatêng panjênênganipun tuwan kula sakêlangkung bingah.

Tuwan Anu: Sampeyan punika sangêt angêsorakên sêrira, botên wontên kukus tanpa latu.

Kawirêja: Kula sumôngga anggèn sampeyan anggalih.

Tuwan Anu: sarèhning sampeyan sampun parêng, amulang Kawi dhatêng kula, sakêlangung andadosakên suka bingah kula.

Kawirêja: Inggih, saèstu botên kula awratakên kêrsa sampeyan punika, sêrat Kawi sampeyan punapa sampun kagungan.

Tuwan Anu: Gadhahan kula sêrat namung sêtunggil, Bratayuda Kawi. <293>

Kawirêja: Punika priyogi kadamêl wiwitan sinau têmbung Kawi.

Tuwan Anu: Inggih, kalih dening kêdhik-kêdhik sampun wontên jarwanipun, duka sampeyan lêrês lêpatipun, mangke kula pêndhêt. Lah punika, saudara.

Kawirêja: Sêratanipun sae, ngêtumbar sêrta ajêg.

Tuwan Anu: Punika jarwanipun namung sêkêdhik wontên saking gangsal wêlas pada.

Kawirêja: Wiwitanipun pisan botên wontên. Punika namung wiwit kala Pêndhawa sampun wontên ing Thêgal.Têgal. Kuru, Arjuna wêlas aningali mêngsahipun, nanging anggènipun anjarwani ing sasumêrêp kula kathah ingkang lêpat. Mangke kula upadosi Kawinipun. Lah punika sampun pinanggih.

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, kula ingkang ngungêlakên, sampeyan ingkang ningali jarwanipun. Mênawi wontên ingkang lêpat, mugi sampeyan ewahi.

Kawirêja: Inggih, sumôngga.

Tuwan Anu: Mulat mara sangar, juna smukama, nusan kasrêpan, ri tingkahing mungsuh, niran padha kadang, taya mwang wanèh, anawwangana king, yayah muwang ngibu lèn uwa nggêh paman, mangka dinarpasa, liya Bisma Karpa sang, dwijanggêh guru. <294>

Kawirêja: Jarwanipun bibrah saudara, botên kenging dipun ewahi, awit mèh kêlintu sêdaya, aluwung kula damêlakên sanès. Kula ingkang matur, sampeyan ingkang nyêrati.

Tuwan Anu: Inggih priyogi, saudara.

--- 154 ---

Kawirêja: Sarèhning Kawinipun punika mawi sêkar, mênawi katêgêsan sêpada lingsa-sêpada lingsa kirang têrangipun. Kêdah wêtahipun saukara pisan.

Tuwan Anu: Inggih, sumôngga.

Kawirêja: Mulat mara Sang Arjuna smu kamanusan kasrêpan ri tingkahing mungsuhniran, têgêsipun: aningali majêng Sang Arjuna sêmu kêjodheran ngêloko dhatêng pratingkahing mêngsahipun. Padha kadang, têgêsipun sami sêdhèrèk, tayawwang wanèh, têgêsipun botên wontên tiyang sanès. Anawwanganaking yayah, mwang ibu lèn uwan gêh paman. Têgêsipun wontên tiyang anaking bapa, miwah ibu sêrta uwa prênah paman. Mangkadi narpa Salya Bisma Karpa Sang Dwijanggêh guru, têgêsipun: ingkang dados Prabu Salya Bisma Kêrpa Sang Pandhita, kaakên guru.

Tuwan Anu: Jawinipun pangraos kula botên urut sêrta botên têrang.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan, mila botên urut amêrgi anggèn kula nêgêsi manut saungêl-ungêlaning Kawinipun. Wondening têrangipun ing têmbung Jawi mêkatên: Sang Arjuna aningali, tumuntên majêng, ing sêmu kêjodheran <295> yèn ngêloko aningali pratingkahing mêngsahipun. Dene sami sêdhèrèk. Botên wontên tiyang sanès. Wontên ingkang anaking bapa tuwin anaking biyung, sêrta anaking uwa, wontên ingkang kêprênah paman, ingkang kados Prabu Salya Bisma Kêrpa Drana,Drona,. punika sampun sami kaakên guru.

Tuwan Anu: Sapunika têrang, kalih dening kula tandhing akalihan jarwa gadhahan kula, gèsèhipun sangêt, kados rintên akalihan dalu.

Kawirêja: Kagungan sampeyan jarwa punika ingkang damêl sintên.

Tuwan Anu: Ingkang damêl Mas Ngabèi Jayabumakit.

Kawirêja: Jarwa kêkalih wau kula mriyogèkakên sampeyan pintokakên dhatêng para pujôngga, supados sampeyan sumêrêpa ingkang lêrês akalihan ingkang lêpat. Sampun ngantos kula kagalih angunggulakên dêdamêlan kula, anacat dêdamêlanipun tiyang sanès. Mênawi pujôngga amêstani lêpat anggèn kula nêgêsi, kula inggih ngawon.

Tuwan Anu: Kados botên susah kula pintokakên. Kula sampun pitajêng ing lêrêsipun anggèn sampeyan nêgêsi, namung kula badhe pitakèn sêkêdhik. Ing sêpada wau têmbungipun anggêh mungêl kaping kalih, ingkang sêtunggil sampeyan <296> têgêsi kêprênah, sêtunggil sampeyan têgêsi kaakên, punika punapa botên kêlintu.

Kawirêja: Botên, saudara, anggêh punika têgêsipun anggêp, prênah, [prê...]

--- 155 ---

[...nah,] angkah: yèn kaungêlakên prênah guru, botên pikantuk. Wondening kaakên guru utawi kaanggêp guru, êtrapipun wontên ing ukara wau sami kemawon.

Tuwan Anu: Sumôngga, punika sampeyan priksa, kados inggih lêpat malih.

Kawirêja: Anggènipun nêgêsi têka mêlumpat-mêlumpat. Punika saèmpêr kados kala Gathotkaca kadhawahan dhatêng Prabu Krêsna amêthukakên Kêrna.Karna. Mangke kula upadosi Kawinipun. Lah punika sampun pinanggi.pinanggih.

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, kula ingkang ngungêlakên, sampeyan ingkang mriksa jarwanipun.

Kawirêja: Inggih sumôngga.

Tuwan Anu: Irika ta Sang, Gathotkaca kinon, mapag arkasuta, têkapira Krê, sna Parta manhêr, muji saktinira, sanginujaran, wawang masmu gar, jita harsa marêk, mawa canaba, gyayan ana pakon, ring patik narpati.

Kawirêja: Irika ta Sang Gathotkaca kinon mapag arkasuta tkapira Krêsna Parta. Têgêsipun: ing ngriku Sang Gathotkaca kadhawahan mêthukakên Arkasuta dening <297> Krêsna Pêrta. Manhêr muji saktinira, têgêsipun: lajêng anggunggung kasêktènipun. Sang inujaran wawang masmu garjita arsa marêk. Têgêsipun: ingkang dipun pêngandikani nuntên sêmu bingah, girang anyakêt. Mawacana bagya yan ana pakoning patik narpati, têgêsipun: matur bêgja mênawi wontên dhawah dhatêng abdi sang prabu. Jangkêp sêrta têrangipun ing têmbung Jawi mêkatên: ing ngriku Gathotkaca kadhawahan dhatêng Prabu Krêsna sêrta Pêrta, amêthukakên Suryaputra, tumuntên sami anggunggung kasêktènipun Gathotkaca, ingkang dipun pêngandikani, girang anyakêt saha matur, kawula bêgja, dene wontên dhawah dalêm dhatêng kawula.

Tuwan Anu: Jarwa gadhahan kula punika gèsèh malih akalihan anggèn sampeyan nêgêsi, nanging botên patos sangêt kados ingkang sampun wau.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Ingkang wiwitan wau sêkaripun punapa, saudara.

Kawirêja: Ingkang wiwitan wau sêkaripun Sêkar Rini, ingkang kantun sêkaripun Kawitana.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan parêng, kula suwuni pitulung anjawèkakên sêrat Bratayuda Kawi punika.

Kawirêja: Kula dhangan kemawon. Anggêr kenging tambanan. Awit tiyang lumampah ing damêl, kados kula, botên kenging katêmtokakên lêganipun. <298>

Tuwan Anu: Inggih, saudara, sampeyan garap ing sadhangan sampeyan [sampeya...]

--- 156 ---

[...n] kemawon. Lami-lami inggih rampung.

Kawirêja: Inggih. Angsal kula lêlênggahan sampun dangu, kula sampeyan lilani mundur, kalih dening kagungan sampeyan sêrat Bratayuda punika, mênawi parêng kula bêkta ing sapunika.

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

Kawirêja: Sampeyan punapa botên mundur, adhi ngabèi.

Kawitana: Inggih. Kula sampeyan lilani mundur, saudara.

Tuwan Anu: Inggih.

68. over de tooneelvertooningen en danseressen

Tuwan Anu: Saudara, ringgit ing nêgari Surakêrta wêrni pintên.

Radèn Ngabèi Kawiradya: Ingkang sampeyan dangu punika ringgit wêcucal punapa ringgit têlèdhèk utawi ringgit arta.

Tuwan Anu: Punapa ringgit dede kramanipun wayang.

Kawiradya: Inggih, nanging têmbung ringgit, mênawi botên dipun rangkêpi wayang utawi <299> wêcucal tuwin têlèdhèk, ngêmu raos tiga, ingkang sampeyan dangu èwêd wangsulanipun, awit wayang akalihan têlèdhèk kramanipun namung sêtunggil, inggih ringgit wau, saha arta sêlaka wontên ingkang nama ringgit.

Tuwan Anu: Dados angsal kula pitakèn kirang têrang, kula wêstani ringgit wau namung kramanipun wayang.

Kawiradya: Inggih, pêndangu sampeyan ingkang kirang têrang, ewadèntên mênawi ing ngajêng sampun nyêbutakên sêpisan wêcucal utawi têlèdhèk, botên prêlu mawi karangkêpan kados atur kula wau.

Tuwan Anu: Sangêt trima kasih kula, sampeyan lêrêsakên lêpatipun anggèn kula wicantên.

Kawiradya: Pêngandika sampeyan andangu wau dede nama lêpat, nama kirang.

Tuwan Anu: Mênggah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan wau ringgit wêcucal.

Kawiradya: Ing nêgari Surakêrta ringgit wayang punika wêrni sêkawan, 1. ringgit Purwa, 2. ringgit Gêdhog, 3. ringgit Kêlithik, 4. ringgit Bèbèr, kala ing jaman kina wontên ringgit tiyang, yasanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunêgara

--- 157 ---

kaping sêpisan, ing sapunika sampun botên wontên, wêrtosipun ringgit tiyang wau ing nêgari Ngayogyakêrta taksih wontên. <300>

Tuwan Anu: Mênggah ingkang kadamêl lampahanipun ringgit gangsal prêkawis wau punapa sami kemawon.

Kawiradya: Botên. Mênawi ringgit Purwa akalihan ringgit tiyang, ingkang kadamêl lampahan inggih purwa, wiwit kala Manikmaya saurutipun ngantos dumugi Bratayuda. Ringgit Gêdhog akalihan ringgit Bèbèr, anyariyosakên lampahanipun Panji. Ringgit Kêlithik anyariyosakên lampahanipun nêgari ing Maospait kala jumênêngipun ratu èstri putrinipun Prabu Brawijaya, pêrang akalihan Prabu Menakjingga ing Bêlambangan. Sêratipun ingkang nyriyosakên lampahanipun prabu èstri akalihan Prabu Menakjingga wau anama Damarwulan.

Tuwan Anu: Èngêt kula sêpisan sampun nate maos sêrat pêrangipun ratu èstri akalihan ratu ing Blambangan. Ingkang dados wêwinihing pêrang, ratu èstri wau anampik pênglamaripun Prabu Menakjingga, wondening ingkang mêjahi Prabu Menakjingga, gamêlipun Patih Logêndèr, anama Damarwulan.

Kawiradya: Inggih lêrês mêkatên.

Tuwan Anu: Ingkang dipun wêstani wayang Kêrucil punika punapa, saudara.

Kawiradya: Ingkang dipun wêstani Kêrucil punika inggih ringgit Kêlithik. Wontên ingkang mêstani ringgit wêcucal. Ingkang lampahan Damarwulan inggih ugi nama <301> Kêrucil. Ananging kula dèrèng sumêrêp.

Tuwan Anu: Wêcucal punapa ingkang kadamêl ringgit kawan prêkawis wau.

Kawiradya: Ingkang kadamêl ringgit Purwa akalihan ringgit Gêdhog wêcucal maesa, ingkang kadamêl ringgit Klithik kajêng, namung tanganipun kemawon wêcucal. Wondening ringgit Bèbèr ingkang kadamêl dêlancang, kasêrat wêrni ringgit, saèmpêr kados gambar.

Tuwan Anu: Tiyang nanggap ringgit wêcucal utawi ringgit Kêlithik dalu punapa siyang.

Kawiradya: Mênawi ringgit Purwa akalihan Gêdhog, ingkang sampun dados kêlimrahanipun nêgari ing Surakêrta, pênanggapipun namung dalu kemawon. Ananging ingkang katanggap siyang inggih wontên. Adat ingkang nanggap bôngsa sabrang, kados ta tiyang Wêlandi, Cina sasaminipun. Ringgit Kêlithik pênanggapipun pancèn siyang kemawon. Nanging ingkang nanggap dalu têrkadhang inggih wontên. Wondening ringgit Bèbèr pananggapipun siyang utawi dalu.

Tuwan Anu: Pêngringgitipun punapa ngantos dangu.

--- 158 ---

Kawiradya: Ringgit Purwa utawi Gêdhog mênawi katanggap dalu, ngantos sadalu natas. Yèn katanggap siyang, inggih sadintên muput. Yèn dalu wiwitipun jam wolu utawi ngajêngakên sêtêngah sanga, angantos byar, mênawi siyang, wiwit jam <302> wolu enjing angantos sêrap utawi sêtêngah pitu, ringgit Kêlithik ingkang pancèn barangan, pênanggapipun sakajêngipun ingkang nanggap. Mênawi dede barangan, pênanggapipun kados ringgit Purwa akalihan Gêdhog wau, wondening ringgit Bèbèr, sakajêngipun ingkang nanggap.

Tuwan Anu: Salami kula wontên nêgari ing Surakêrta, dèrèng nate aningali ringgit Bèbèr.

Kawiradya: Mênawi salêbêting nêgari botên wontên. Ingkang têksih wontên, ing tanah Rêdikidul.

Tuwan Anu: Gôngsa ingkang kaangge ing ringgit gangsal prêkawis wau, punapa sami kemawon, saudara.

Kawiradya: Botên. Mênawi ringgit Purwa utawi ringgit Tiyang, gangsanipun sêlendro, Gêdhog akalihan Kêlithik gangsanipun pelog. Ringgit Bèbèr namung rêbab kemawon.

Tuwan Anu: Ringgit Wêcucal sêlampahan ngantos pêngaos pintên, saudara.

Kawiradya: Punika mawi-mawi agêng alit sêrta awon saening ringgit. Mênawi tumbas ingkang agêng saha ingkang sae, nanging pulasan kemawon kados angsal 150 utawi 200 rupiyah, mênawi praosan ngantos 650 utawi 700 rupiyah, yèn pulasan pilihan kalih praosan 350 rupiyah, yèn lugas 120, ananging mênawi sêdaya wau <303> damêl piyambak botên cêkap arta sêmantên.

Tuwan Anu: Damêl piyambak kadospundi.

Kawiradya: Ngepahakên akèn damêl, dados natahakên, mulasakên utawi mraosakên punapadene nyêmpuritakên piyambak kaotipun kathah, tumbas akalihan damêl piyambak. Kula sumêrêp piyambak kala Bêndara Pangeran Anu ngêrsakakên yasa ringgit Purwa, epahipun natah kemawon ringgit satunggil caruk toya tigang rupiyah, sampeyan galih, ringgit sêkothak pêpakipun kirang langkunga botên kathah, kados wontên saking kalih atus iji.

Tuwan Anu: Kathah sangêt wragadipun tiyang damêl ringgit Wêcucal.

Kawiradya: Inggih, ingkang kula aturakên wau sawêk epahipun natahakên kemawon, dèrèng wragadipun mulasakên utawi mraosakên punapadene [puna...]

--- 159 ---

[...padene] nyêmpuritakên.

Tuwan Anu: Kula botên andugi, mênawi kathah mêngkatên wragadipun.

Kawiradya: Sampeyan sumêrêp ringgit wêcucal kagungan dalêm ingkang sinuhun, kados eram. Saenipun anglangkungi, gêgêlipun sami êmas sêdaya, wragadipun kados botên cêkap tigang ewu rupiyah. <304>

Tuwan Anu: Gêgêl punika punapa.

Kawiradya: Kancingipun athik-athikan ing pundhak, ing sikut, ing èpèk-èpèk ingkang angsal ing tuding sêrta kancinging gapit rêmpah, tuwin kancinging cêmpurit ing têngah, punika sêdaya nama gêgêl.

Tuwan Anu: Ingkang sampeyan wêstani tuding, gapit rêmpah, sêrta cêmpurit wau punapa.

Kawiradya: Tuding, ingkang pancèn kadamêl molahakên tanganing ringgit, gapit rêmpah, gapiting pêrampogan, gajah, kapal, sawêr sêrta sima. Cêmpurit, gapiting ringgit ingkang kagapitakên ing awak. Wondening cêmpurit wau wontên ingkang amêstani gapit.

Tuwan Anu: Kula sawêg midhangêt cêriyos sampeyan kemawon bab kagungan dalêm ringgit wêcucal wau sampun eram, iba yèn kula aningalana piyambak. Kula amangsuli pitakèn, saudara, sarèhning pêngandika sampeyan wau ringgit ingkang agêng pulasan kemawon ngantos pêngaos 150 utawi 200 rupiyah, dados kula anggadhahi pêmanah, mênawi ringgit wêcucal punika wontên pangkat-pangkatipun.

Kawiradya: Inggih, saudara, ing nêgari Surakêrta ringgit wêcucal kadamêl kawan pangkat, alit, dhara, agêng, kakanging agêng. Ingkang alit, mênawi pulasan <305> sêrta praosan, anama kidang kancanan. Kakanging agêng anama jujutan.

Tuwan Anu: Mênggah lampahanipun kathah pundi ringgit Purwa akalihan ringgit Gêdhog.

Kawiradya: Mênawi lampahanipun ringgit Purwa ingkang sampun kaanggêp yêktos, wiwit saking Manikmaya saurutipun mêngandhap dumugi Bratayuda, inggih namung wujud lampahan sêtunggil. Ananging carangipun kathah, mêkatên ugi ringgit Gêdhog. Ananging sami-sami, kathah carangipun ringgit Purwa akalihan ringgit Gêdhog.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun carang.

Kawiradya: Carang mêkatên lampahan anggitan.

Tuwan Anu: Mênggah cêriyosipun Arjuna Sasrabau akalihan Rama, punika kadamêl lampahan ringgit Purwa punapa Gêdhog.

--- 160 ---

Kawiradya: Kadamêl lampahan ringgit Purwa.

Tuwan Anu: Pintên wragadipun tiyang nanggap ringgit wêcucal.

Kawiradya: Epahing dhalang, mênawi bebasan, ing dalêm sêdalu utawi sêdintên, kalih dasa rupiyah ngalih wêlas uwang, aliya saking pêtumbasing tike sêrupiyah, sêrta bêrahan pambêktaning kothak sagangsanipun. Punapadene yèn dalu ingkang nanggap mawi anyukani lisah, kadamêl ngêjogi blencong, mênawi mawi ngingoni, epahipun sêdasa rupiyah, inggih ngalih wêlas uwang, ingon sêkul sarampadan sapangananipun kaping kalih, sontên akalihan enjing, wondening <306> ingkang nama sajèn, uwos sêdangan, klapa sêtunggil, gêndhis sêtangkêp, pisang sêtangkêp, sêdhah saabênipun, lisah sundhul langit sêcupu, bênang sêtukêl, panggang ayam, tumpêng, tindhihipun kalih uwang, gêlaran bôngka sêtunggil, ayam gêsang sêtunggil, tike pêngaos sêrupiyah, rokok wangèn, mênyan.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang tèh, saudara.

Kawiradya: Kula punika siyam, saudara.

Tuwan Anu: Sampun dados galih sampeyan, kula botên sumêrêp. Wingi kula midêr-midêr dhatêng Pêcinan, dumugi salèring krêtêg agêng, aningali tiyang numpak kapalan, ingkang dipun damêl saèmpêr kados êpring dipun anam, ingkang numpak mawi nyêpêng tumbakan, duka sampeyan êpring, utawi kajêng, kapalanipun kalampahakên, angèmpêr-èmpêr lampahing kapal. Punika tiyang punapa, saudara.

Kawiradya: Punika tiyang ambêbarang reyog, ingkang kadamêl kapalan kepang.

Tuwan Anu: Kala kula wontên ing Têgal aningali têlèdhèk, gamêlanipun bumbung, kajèjèr kados wilahing gambang, tiyang ingkang dèrèng sumêrêp, mirêng swaranipun amêsthi mêstani gamêlan sayêktos.

Kawiradya: Ing ngriki inggih sampun wontên têlèdhèk kados ingkang sampeyan <307> pêngandikakakên punika. Kala tindakipun Bêndara Pangeran Anu dhatêng Bagêlèn, kula kakêrsakakên êndhèrèk. Wontên ing ngriku kula aningali têlèdhèk, gamêlanipun kajêng, kawêstanan kêmplong.

Tuwan Anu: Ing nêgari Surakêrta ngriki punapa wontên tiyang ambêbarang topèng.

Kawiradya: Wontên. Punika saminipun akalihan ringgit Gêdhog. Ingkang kadamêl lampahan inggih Panji, ananging gangsanipun sêlendro, sêrta pênanggapipun namung siyang kemawon. Mênawi dede topèng barangan, pênanggapipun sadintên muput.

--- 161 ---

Tuwan Anu: Punapa yêktos saudara, têlèdhèk punika madati sêdaya.

Kawiradya: Sasumêrêp kula inggih mêkatên. Kula dèrèng manggih utawi mirêng têlèdhèk ingkang botên madati.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa.

Kawiradya: Sawêg wêrtosipun, apyun punika adamêl kuwat. Awit têlèdhèk mênawi ambêbarang ngantos sadintên muput, utawi mênawi dintên tayub ngantos sadalu, bilih botên nyêrèt, wêrtosipun botên kuwat anjogèd ngantos sadintên utawi sadalu.

Tuwan Anu: Tiyang nayub punapa mêsthi dalu kemawon. <308>

Kawiradya: Ingkang nayub siyang, inggih wontên.

Tuwan Anu: Kula sampun ningali têlèdhèk sêpisan wanci dalu, nanging wontên ing radinan. Têlèdhèkipun tingal kula kados wontên saking sêkawan, sêrta tiyang jalêr ingkang sami nonton gêntos-gêntos tumut anjogèd. Punika sintên ingkang nayub, dene wontên ing radinan.

Kawiradya: Punika dede tiyang nayub, saudara, têlèdhèk ambêbarang dalu, wêstanipun janggrung, panggenanipun ambêbarang wau nama janggrungan, wontên ingkang ngadêgakên. Tiyang jalêr ingkang sampeyan pêngandikakakên gêntos tumut anjogèd, punika ngibing, mawi nyukani yatra dhatêng têlèdhèkipun. Ing sapunika sampun dipun awisi ing pêrentah, botên kenging tiyang ngadêgakên janggrungan.

Tuwan Anu: Sabab dening punapa dipun awisi.

Kawiradya: Amêrgi kathah rêrêsah, bab tiyang kêrêngan utawi sudukan arêbatan têlèdhèk. Punapadene awit dening sêsatron. Mênawi sampun botên wontên pêndangu sampeyan malih, kula mugi kalilana mundur, awit sampun mangsanipun buka.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, mênggah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan, têksih kathah.

Kawiradya: Mênawi mêkatên, mangke bakda ngisa, akiripun jam wolu, kula wangsul. <309>

Tuwan Anu: Inggih, saudara, sakêlangkung suka bingah kula, sampeyan badhe wangsul.

--- 162 ---

69. over het rijm in poëzie, en verklaring van een paar coupletten van de Bråtå-joedå-Kawi en van de Råmå-Kawi

Tuwan Anu: Sampun angsal pintên, saudara, anggèn sampeyan nêgêsi sêrat Bratayuda Kawi.

Radèn Ngabèi Kawirêja: Sawêg angsal kawan kaca, punika kula bêkta, sumôngga mugi kapêriksaa, punapa inggih mêkatên kêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Inggih, sampun kêlêrêsan. Ingkang nginggil punika jarwa manut saungêling Kawinipun, ingkang ngandhap punika kaurut sêrta jangkêpipun ing ungêl-ungêlan Jawi.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Kula pikantuk sêrat Bratayuda jarwa sêkar Agêng, punika punapa sami akalihan Kawinipun.

Kawirêja: Mênawi bêbalunganipun ing cêriyos, sami kemawon. Nanging ungêl-ungêlanipun gèsèh, kathah ingkang wêwah utawi suda, Bratayuda jarwa sêkar Macapat inggih mêkatên ugi, mênggah ing ungêl-ungêlan botên cocog akalihan ing jarwa sêkar Kawi, nanging cêriyosipun botên gèsèh, mêkatên ugi sêrat Rama Kawi, Wiwaha Kawi, Arjuna Sasrabau Kawi, Nitisastra Kawi, botên <310> cocog akalihan jarwanipun.

Tuwan Anu: Punika amêrgi saking punapa.

Kawirêja: Awit kirang wilêtipun mênawi anêdhak saungêling Kawi, dados mawi kawêwahan rênggan kathah.

Tuwan Anu: Sintên ingkang anjawèkakên sêrat Bratayuda Kawi.

Kawirêja: Mas Ngabèi Yasadipura ingkang kaping sêpisan.

Tuwan Anu: Punapa botên kenging kajawèkakên mawi sêkar Agêng utawi sêkar Macapat, ingkang tètès kalihan Kawinipun.

Kawirêja: Kenging, nanging kangelan sêrta kirang manisipun. Ingkang mêsthi mawi wêwah, mênawi katêdhak ing sêkar Macapat. Awit sêkar Macapat punika mawi guru wicalan sêrta guru lagu, mênawi sêkar Kawi namung guru wicalan kemawon, ing sadhawah-dhawahipun kenging, anggêr wicalanipun jangkêp.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun guru lagu.

Kawirêja: Ugêr lagu, dados botên kenging ing sadhawahipun kemawon. Kêdah angèn swara: a e i o u, kados ta sêkar Dhangdhanggêndhis, pada lingsanipun ing sêpada sêdasa, wiwitanipun dhawah wulon, kaping kalih lagnyana, kaping [ka...]

--- 163 ---

[...ping] tiga talingan, kaping sêkawan sukon, kaping gangsal wulon, kaping nêm lagnyana, <311> kaping pitu sukon, kaping wolu lagnyana, kaping sanga wulon, kaping sêdasa lagnyana, mênawi ngangkat malih, inggih kêdah mêkatên.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun lagnyana.

Kawirêja: Têgêsipun wuda kêlanturing basa kawêstanan lêgêna. Wondening ingkang kawêstanan aksara lagnyana, ingkang tanpa sandhangan. Ananging cêcak, layar, sagnyan utawi wignyan, cakra, pengkal, kaewokakên dhatêng lagnyana, kados ta gagang, bubar, sagah, abra, salya, punika kagolongakên dhatêng lagnyana.

Tuwan Anu: Bratayuda kula jarwa punika badhe kula tandhing kalihan Kawinipun, ingkang wontên ing sampeyan. Kula badhe sumêrêp gèsèhipun. Mênawi parêng, mugi sampeyan utusan mêndhêt.

Kawirêja: Inggih. Jadôngsa, muliha sêdhela, jupukên layang Bratayuda kagungane tuwan kang ana ing gandhok wetan.

Jadôngsa: Inggih.

Tuwan Anu: Kula ing sapunika badhe nglêmpakakên sêrat Kawi, ingkang kula têdhani pitulung ngupadosakên, Radèn Ngabèi Kawiswara kalih Radèn Ngabèi Kawindra.

Kawirêja: Punika priyogi sangêt.

Jadôngsa: Punika sêrat ingkang sampeyan pundhut.

Kawirêja: Prènèkna. Sumôngga, saudara. <312>

Tuwan Anu: Suwawi, saudara, sêpada punika sami katandhing, wiwit saking tandya trus dhadha sang dumuginipun sêpada agêng.

Kawirêja: Inggih. Punika kala Gathotkaca dipun lêpasi konta dhatêng Kêrna, sêkaripun Sêrdula Wikridita, ungêlipun mêkatên, tandya trus dhadha sang, Gathotkaca wangwang, murca mangêsaksana / dan tan jrih mabangun, mawega tumêdhun, mungup pirsa ngwônggadipa / singgih Bimasuta, nggakarama arêp, matya mangungupir kiwul /, kan lumpat rawisu, talês curi ngrana, bonglot matinggal rata. / Suwawi sampeyan ungêlakên jarwanipun.

Tuwan Anu: Trus jaja sang Gathutkaca kagyat sira, tan ajrih pêjah, matia abela, nêdya campuh anjog Karna prayitna, malumpat saksana, atinggal rata. Jarwanipun têka cêndhak.

Kawirêja: Cêndhak sêrta gèsèh kalih Kawinipun.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan têgêsi Kawinipun, supados kula sumêrêpa gèsèh utawi kirangipun.

--- 164 ---

Kawirêja: Inggih. Tandya trus dhadha Sang Gathotkaca, têgêsipun: anuntên têrus dhadhanipun Sang Gathotkaca. Wangwang murca mangê, têgêsipun: lajêng sangêt kanggêk. Saksana dandèn. tan jrih, têgêsipun: anuntên botên ajrih, mabangun mawega tumêdhun. Têgêsipun: tangi mirantos mêdhun. Mungup pirsa Ngwanggadipa, têgêsipun: ngêlud Sang Kêrna. Singgih Bimasu tanggakara, têgêsipun: saèstu Sang Bimaputra prajurit kuwasa. Maharêp matya <313> mangungupir kiwul. Têgêsipun: badhe pêjah angêlud malês. Kan lumpat rawisuta, têgêsipun: anuntên lumumpat Suryaputra. Lês curingrana, têgêsipun: oncat cidra ing pêprangan. Bonglot matinggal rata, têgêsipun lumajêng atilar rata.

Tuwan Anu: Gèsèh sangêt saudara, sêrta kathah ingkang kabucal ungêl-ungêlanipun ing Kawi.

Kawirêja: Inggih, wau mila kula sampun matur ing sampeyan, namung bêbalunganipun kemawon ingkang sami.

Tuwan Anu: Mênggaha sampeyan, kadospundi anggèn sampeyan anjawèkakên mawi sêkar Agêng, ingkang tètès kalihan Kawinipun.

Kawirêja: Mênawi kulaa ingkang damêl, mêkatên, dyan trus jajanira, Gathotkaca nulya, tiba kanggêk saksana / datan ajrih tangi, rumanti tumurun, ngungsir Sang Suryaputra / tuhu Bimasuta, prajurit kawasa, yun pêjah nglud pêpulih / Dyan Sang Rawisuta, oncat cidrèng rana, lumayu tinggal rata /.

Tuwan Anu: Dene punika têka gampil kemawon saudara, pêngraos kula botên wêwah saking Kawinipun.

Kawirêja: Tiyang pênuju kêtanggor ingkang gampil. Mênawi ingkang angel, inggih mawi ngèngêt-èngêt dangu.

Tuwan Anu: Suwawi sêpada punika katandhing malih, wiwit saking tatkala narpa dumuginipun sêpada agêng.

Kawirêja: Inggih, punika kala mangsahipun ratu ing Wiratha badhe mêthukakên <314> Druna, sêkaripun ingggih Sêrdula Wikridita, ungêlipun mêkatên: tatkala narpa ce, damati nguniwèh, Sang Satra Dharma parêng / kantèki rahina, wasa ngupaya mawas, hyang surya lumrèng rana / yekansêh nirasa, Wiratha narpa lèn Pôncawala adulur / Nirbita mangkapa, ngruhun putunira wiratriya nindita / suwawi sampeyan ungêlakên jarwanipun.

Tuwan Anu: Sêtradarma palastra, lan Prabu Cedaka, mati Sang Sêtyaki, ya ta kang surya minggah, sangsaya mapadhang, suka kang ayuda, Sang Aprabu Wiratha, mangsah sawadyanya, lawan Pôncawala, nguculkên sanjatanya.

--- 165 ---

Kawirêja: Sampun, saudara, kandhêg sêmantên kemawon. Lajêngipun kados sanès sêdaya, sêmantên kemawon sampun gèsèh sangêt.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan têgêsi Kawinipun.

Kawirêja: Inggih. Tatkala Sang Narpa Ceda mati nguni wèh Sang Satra Dharma parêng, têgêsipun: kalanipun Prabu Ceda pêjah, sarêng akalihan Satra Darma. Kantèki rahina, têgêsipun: anuntên dumugi rintên. Wasa ngupaya mawas Hyang Surya lumrèng rana, têgêsipun: sangsaya padhang srêngenge mradini ing pêprangan. Yekan sêh nira Sang Wiratha Narpa, têgêsipun: punika mangsahipun <315> ratu ing Wiratha. Lèn Pôncawala adulur, têgêsipun: sêrta Pôncawala andhèrèk. nirbita, têgêsipun: sirna kang ajrih, môngka pangruhun putunira wiratriya nindita, têgêsipun: ingkang minôngka pêngajêng wayahipun tiga prajurit linangkung.

Tuwan Anu: Tingal kula ingkang lumampah mêngalèr punika Radèn Ngabèi Kawiswara.

Kawirêja: Inggih, rencangipun sêtunggil tingal kula ambêkta sêrat. Kados badhe mriki.

Tuwan Anu: Èmpêripun inggih mêkatên. Bokmênawi ambêkta sêrat Kawi ingkang dados wêwêling kula.

Kawirêja: Kados.

Tuwan Anu: Sampun lami kula botên kêpanggih kalih sampeyan. Sampeyan punapa têksih wilujêng, saudara.

Kawiswara: Inggih wilujêng, mila kula lami botên sowan ing sampeyan, awit mrêlokakên pêmundhut sampeyan sêrat Kawi, sawêg angsal sêtunggil sêrat Rama, punika kula bêkta, samakipun ragi risak, nanging sêratanipun taksih sae.

Tuwan Anu: Sakêlangkung bingah kula, dene sampeyan amrêlokakên ingkang dados panêdha kula, kula badhe sumêrêp wêrninipun.

Kawiswara: Inggih, Jadrana, prènèkna layange.

Jadrana: Inggih. <316>

Kawiswara: Sumôngga, saudara.

Tuwan Anu: Risaking samak botên dados punapa, ingkang prêlu sêratanipun.

Kawiswara: Mênggah sêratanipun sampun kula pêriksa, têksih sae sêdaya, namung ngandhap akalihan nginggil sêkaca ingkang jawi ragi rêgêd, nanging sêratanipun têksih têtela, aliya saking punika sae sêdaya.

--- 166 ---

Tuwan Anu: Punika pikantuk sampeyan saking pundi, sêrta anggèn sampeyan nyambut punapa tumbas.

Kawiswara: Ingkang gadhah pêngindhung ing Suradilagan. Kula tumbas suka, nanging botên ajêng yatra, namung nêdha lintu kêrtas Wêlandi ingkang sae kemawon sêkêndhang.

Tuwan Anu: Inggih kula ajêng nglintoni kêrtas Wêlandi sêkêndhang, benjing-enjing kemawon kula kintunakên dhatêng dalêm sampeyan. Awit ing griya botên wontên ngantos sêmantên kathahipun.

Kawiswara: Inggih sumôngga kemawon.

Kawirêja: Pun anak têka bêgja, dipundhuti pitulung dhatêng tuwan enggal sagêd ngangsalake. Sintên namane pêngindhung kang gadhah.

Kawiswara: Wêstanipun ingkang gadhah pun Dipamênggala.

Kawirêja: Tiyang ngindhung têka gadhah sêrat Kawi, dugi kula botên nate diwaos tuwin disambut-sambutake, milane têksih sae.

Kawiswara: Wêtawis kula inggih mêkatên. <317>

Kawirêja: Milane botên diwaos sêrta tôngga-tanggane botên wontên kang nyambut, awit kang gadhah kalih tôngga-tanggane sami botên sumêrêp têmbunge, adat sêrat Jawi, kang asring kangge sêrta asring disambut-sambutake, botên rêsik mêkatên. Lêpate kêwutahan lisah, inggih pating dalêmok dening gêdubang utawi rêrêgêd sanèse, kang didamêl êlêt-êlêt adate têgêsan. Yèn kang maos sampun ngantuk, sêrate didamêl bantal.

Kawiswara: Inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Punapa yêktos mêkatên, saudara.

Kawirêja: Inggih, mila sêrat Jawi, aliya saking kagunganipun para priyantun agêng, wêrninipun kêluwus-kêluwus kados sêrat dipun tarang utawi kasimpênan wontên ing tolok, punapa dening lisah, awit yèn sampun kawaos, kêrêp dados sêsulihing bantal.

Tuwan Anu: Sêpada wiwitan punika sêkêdhik-sêkêdhik kula sumêrêp, nanging botên têrang, suwawi sampeyan têgêsi, saudara.

Kawirêja: Inggih. Punika sêkaripun Bramara Wilasita, ungêlipun mêkatên: ana ta si, ra ratu dibya rêngêng / prasastra ring, mungsuhira pranata / jaya apa, ndhita ring ngaji kabèh / Sang Dhasara, ta namanya tamolih / têgêsipun: wontên ratu linangkung misuwur, kèringan dhatêng mêngsahipun nyêmbah, unggul putus dhatêng sakathahing <318> puja, Sang Dhasarata wêstanipun pantês. Jangkêpipun ing têmbung Jawi mêkatên: wontên ratu pinunjul sêrta kocap, kèringan dhatêng mêngsahipun. Mêngsah [Mêng...]

--- 167 ---

[...sah] wau sami suyud sêdaya, sang prabu unggul ing pêprangan, sêrta putus dhatêng sakathahing puja, pantês anama Dhasarata.

Tuwan Anu: Kula kêpingin sangêt sagêd Kawi kados sampeyan mêkatên.

Kawirêja: Mênawi katêlatosan anggèn sampeyan sinau, punapaa botên sagêd.

Tuwan Anu: Sêpada punika kula botên sumêrêp pisan-pisan, saudara, ingkang kula sumêrêpi namung têmbung: wolu, tatkala, kabèh, lawan, saha, sêsêk, wêsi, timah, sêmantên punika, mênawi ing ngriku botên anggadhahi murad sanès.

Kawirêja: Ingkang pundi, saudara.

Tuwan Anu: Punika.

Kawirêja: Punika kalanipun Anoman kacêpêng wontên ing Ngalêngka, sêkaripun Swandana, ungêlipun mêkatên: tatkala kapusan sang, pawana suta humung, tang raksasa kabèh / lawan sang Meganônda, ngamah-amah humangsêh, mayyang saha bala / kapwa mangsêh sêsêksê, ksaha mangangsêh-angsêh, mamrêpya mamalu / tar payah Sang Anoman, kadi wêsi pinupuh, ring mugara timah / têgêsipun: kalanipun kabêsta Sang Anoman, sêru kang dênawa sêdaya akalihan Meganônda ngujar-ujari majêng <319> surak, sabalanipun sami ngangsêg, kêbak ajêjêl, majêng-majêng anuju anggitik, botên kêraos sakit Sang Anoman, kados wêsi dipun gitik ing gêgitik timah. Urut sêrta jangkêpipun ing têmbung Jawi mêkatên: kalanipun Anoman kabêsta, dênawa sêdaya akalihan Meganônda sêru sami ngujar-ujari dhatêng Anoman, majêng sêrta surak. Sabalanipun sami ngangsêg. Kêbak sêrta jêjêl ing panggenan. Sami majêng anuju ing dêdamêl sêrta anggitik. Anoman botên kêraos sakit, upaminipun wêsi dipun gitik ing gêgitik timah.

Tuwan Anu: Sêpada êngkas punika sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Punika kalanipun Wibisana sowan dhatêng Dasamuka, sêkaripun Kusumawicitra, ungêlipun mêkatên: uwus malungguh pwa, sirang Wibisana / ring kang saba saba, nayojwala katon, saharsa umojar, sirang Dasanana, ring Sang Patih kapwa, patih ujarnira, têgêsipun: sampun lênggah punika Sang Wibisana, wontên ing pêsamuhan, cahyaning ulat kêtingal, bingah wicantên Sang Dasamuka dhatêng para punggawa, sêru wicantênira, urut sêrta jangkêpipun ing têmbung Jawi mêkatên: Sang Wibisana sampun lênggah wontên ing pêsamuhan. Cahyaning ulatipun kêtingal, Dasamuka bingah, awicantên sêru dhatêng para punggawa. <320>

Tuwan Anu: Sêrat Rama punika ing benjing inggih kula aturi anjawèkakên [anjawè...]

--- 168 ---

[...kakên] dhatêng sampeyan, mênawi Bratayudanipun sampun rampung, sêrta andadospakênandadosakên. parênging galih sampeyan.

Kawirêja: Inggih, saudara, kula dhangan kemawon. Anggêr kenging sasêlot-sêlotipun.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, kula sampun pitajêng ing pitulung sampeyan.

Kawirêja: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula mugi kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, mênawi sampeyan parêng, benjing-enjing sontên kula aturi pinarak mriki malih, kula badhe sumêrêp lampahipun ing sêkar Kawi.

Kawirêja: Inggih, pun anak kantun punapa mundur.

Kawiswara: Kula inggih badhe mundur. Sampeyan lilani, saudara.

Tuwan Anu: Inggih, benjing-enjing jam wolu akiripun sêtêngah sanga, kula angintuni kêrtas Wêlandi sêkêndhang, sumêrêp lintunipun sêrat Rama punika.

Kawiswara: Inggih.

70. over verschillende dichtmaten en zangwijzen

Tuwan Anu: Saudara, kula andumugèkakên panêdha kula wingi, badhe <321> sumêrêp nama sêrta lampahing sêkar Kawi, tuwin wicalan sêrta lagunipun sêkar Macapat.

Radèn Ngabèi Kawirêja: Inggih, mênggah sêkar punika kadamêl tigang pangkat, 1. sêkar Kawi utawi sêkar Agêng, 2. sêkar Têngahan utawi Dhagêlan, 3. sêkar Macapat utawi sêkar Alit. Ingkang sampeyan kêrsakakên punika namung sêkar Kawi akalihan sêkar Macapat.

Tuwan Anu: Sêkar Têngahan kula inggih badhe sumêrêp, mugi sampeyan wiwiti saking sêkar Kawi, badhe lajêng kula sêrati.

Kawirêja: Inggih, wêstanipun sêkar Kawi, 1. Lêbdajiwa, 2. Bramara Wilasita, 3. Côndrawilasita, 4. Madurêtna, 5. Wisatikandhêh, 6. Kusumawicitra, 7. Sudiradraka, 8. Dhadhap Mêntêb, 9. Basônta, 10. Manggalagita, 11. Prawiralalita, 12. Girisa, 13. Sikarini, 14. Sapratitala, 15. Kawitana, 16. Bôngsapatra, 17. Maesabayangan, 18. Nagabônda, 19. Nagakusuma, 20. Sardula Wikridita, 21.

--- 169 ---

<322> Swandana, 22. Sasadara Kawêkas, 23. Sulanjari, 24. Wisalya Arini, 25. Swaladara, 26. Kilayunêdhêng, 27. Wêgangsulanjani, 28. Kuswalalita, 29. Astakuswala, utawi Astakosala tuwin Astakusala, 30. Gôndakusuma, 31. Wohingrat, 32. Salisir Liwung, 33. Salisir, 34. Salisir Patramanggala, 35. Salisir Patralalita, 36. Salisir Têbukasol, 37. Salisir Têbusauyun.

Tuwan Anu: Kathah sangêt, gunggungipun tigang dasa pitu.

Kawirêja: Aliya saking punika têksih wontên malih, ananging sasumêrêp kula namung ing sêrat Rama Kawi ingkang wontên.

Tuwan Anu: Punika kula inggih badhe sumêrêp, mugi sampeyan prêtelakakên.

Kawirêja: Inggih, 1. Rêtnajiwa, 2. Surajiwandana, 3. Surarêtna, 4. Sudirawicitra, 5. Citramêngêng, 6. Jiwarêtna, 7. Côndramêngêng, 8. Sastramênggala, 9. Langênjiwa.

Tuwan Anu: Kalih ingkang sampun kula sêrati wau dados gunggung kawan dasa nênêm. Sapunika wicalanipun mugi sampeyan prêtelakakên.

Kawirêja: Inggih, sêkar Lêbdajiwa, Bramara Wilasita, wicalan ing sadirganipun nyuwêlas. Cendrawilasita,Côndrawilasita,. Madurêtna, Wisatikandhêh, Kusumawicitra, sami ngalih wêlas. Sudiradraka, Dhadhap Mantêb, sami niga wêlas. <323> Basônta 14, Manggalagita 15, Prawiralalita, Girisa, sami ngênêm bêlas. Sikarini, Sapratitala, Kawitana, Bôngsapatra, Maesabayangan, sami mitulas. Nagabônda, Naga Kusuma, sami molulas. Sardula Wikridita 19, Swandana, Sasadara Kawêkas, Sulanjari, sami ngalih dasa. Wisalya Arini, Swaladara, sami nyêlikur. Kilayunêdhêng 22, Wêgang Sulanjani, Kuswalalita, Astakuswala utawi Astakosala, sami niga likur. Gôndakusuma, Wohingrat, sami ngawan likur. Salisir Liwung 6, Salisir 8, Salisir Pratalalita, Salisir Patramanggala, sami molu. Salisir Têbukasol 9, Salisir Têbusauyun 10. Ing dalêm satunggil-tunggiling sêkar dirganipun sêkawan.

Tuwan Anu: Ingkang sampeyan wêstani dirga punika punapa.

Kawirêja: Têgêsipun dirga panjang, wondening ing sêkar Kawi ingkang kawêstanan dirga punika pada lingsa sèlèhing sêkar, dados ing sêpada agêng dirganipun sêkawan. kados ta sêkar Lêbdajiwa, wicalanipun suwêlas. Suwêlas punika wangsul utawi rambah kaping sêkawan, ing sêpada agêng dados 44 kêcap.

Tuwan Anu: Sêkar ingkang awis kêsrambah wau kula badhe sumêrêp lampahipun [lampahipu...]

--- 170 ---

[...n]

Kawirêja: Inggih. Rêtnajiwa, Surajiwandana, wicalanipun ing sadirganipun <324> sami nyuwêlas. Côndramêngêng, Surarêtna, Sudirawicitra, Citramêngêng, Jiwarêtna, sami ngalih wêlas. Sastramanggala 15, Langênjiwa 27.

Tuwan Anu: Sampun kula sêrati, saudara, ing sapunika sêkar Têngahan mugi sampeyan prêtelakakên.

Kawirêja: Ingkang nama sêkar Têngahan, 1. Jurudêmung, 2. Kuswawirangrong, 3. Kulanthe, 4. Lonthang, 5. Sumêkar, 6. Kuswaraga, 7. Kuswarini, 8. Kênya Kadhiri, 9. Maesalangit, 10. Pamiwaltung, 11. Palugon, 12. Palugôngsa, 13. Rangsang, 14. Rangsang Tuban, 15. Lindi, 16. Gambuh, 17. Dudukwuluh, 18. Balabak.

Tuwan Anu: Mênggah sêkar Têngahan punika, ing dalêm sêpada agêng dirganipun punapa inggih sêkawan.

Kawirêja: Mênawi sêkar Têngahan akalihan sêkar Macapat, botên mawi dirga kados sêkar Kawi, namung ugêr wicalan sêrta ugêr lagu, punapadene ngetang pada lingsa.

Tuwan Anu: Mugi sampeyan prêtelakakên, saudara.

Kawirêja: Mênggah sêkar Têngahan, ingkang kula sumêrêpi wicalan sêrta lagunipun, namung Jurudêmung, Kuswawirangrong, Lonthang, Gambuh, Dudukwuluh, Balabak, Palugon, Palugôngsa, Kuswarini, Maesalangit, Kênya Kadhiri, aliya saking <325> punika kula botên sumêrêp. Mugi sampeyan kêrsaa andangu dhatêng sanèsipun. Ananging kauningana, kula piyambak sampun nate takèn-takèn, botên wontên ingkang sumêrêp, amêrgi prêsasat sampun botên kangge, wondening ingkang têrkadhang têksih kangge namung Jurudêmung, Kuswawirangrong, Lonthang, Balabak. Ingkang têksih kathah kangge, mèh anggêr sêrat wontên, Gambuh akalihan Dudukwuluh.

Tuwan Anu: Inggih, ing sasumêrêp sampeyan kemawon.

Kawirêja: Sêkar Jurudêmung pada lingsanipun ing sapada agêng pitu, sêpada lingsa wicalanipun molu, wiwitan dhawah lagnyana, kaping kalih sêrta kaping tiga dhawah sukon, kaping sêkawan dhawah lagnyana, kaping gangsal dhawah sukon, kaping nêm dhawah lagnyana, kaping pitu dhawah sukon. Sumêkar pada lingsanipun gangsal, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah wulon, kaping kalih 11 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 8 dhawah wulon, kaping gangsal 10, dhawah wulon. Palugon pada lingsanipun wolu, sêpada lingsa wicalanipun molu, wiwitan dhawah lagnyana, kaping kalih dhawah sukon, kaping [ka...]

--- 171 ---

[...ping] tiga dhawah taling tarung, kaping sêkawan dhawah sukon, kaping gangsal dhawah taling tarung, kaping nêm dhawah lagnyana, kaping pitu dhawah sukon, kaping wolu dhawah taling tarung. <326>

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang rumiyin, saudara, mangke kadumugèkakên.

Kawirêja: Inggih. Palugôngsa, pada lingsanipun nênêm, wicalanipun ingkang wiwitan 7 dhawah lagnyana, kaping kalih 11 dhawah talingan. Kaping tiga 12 dhawah talingan. Kaping sêkawan 9 dhawah lagnyana, kaping gangsal 8 dhawah lagnyana, kaping nêm 8 dhawah wulon. Kuswarini pada lingsanipun pitu, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah sukon. Kaping kalih 6 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah sukon. Kaping sêkawan 8 dhawah lagnyana, kaping gangsal 8 dhawah wulon. Kaping nêm 8 dhawah lagnyana, kaping pitu 8 dhawah wulon. Maesalangit pada lingsanipun gangsal, wicalanipun ingkang wiwitan 9 dhawah talingan. Kaping kalih 7 dhawah sukon. Kaping tiga 8 dhawah wulon. Kaping sêkawan 8 dhawah sukon. Kaping gangsal 8 dhawah taling tarung.

Tuwan Anu: Sampun kula sêrati, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Kawirêja: Inggih, sêkar Kênya Kadhiri pada lingsanipun sanga, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah sukon. Kaping kalih 8 dhawah wulon. Kaping tiga kaping sêkawan, kaping gangsal angalih wêlas, sami dhawah sukon. Kaping <327> nêm 8 dhawah lagnyana, kaping pitu 8 dhawah wulon, kaping wolu 6 dhawah sukon. Kaping sanga 8 dhawah wulon. Kuswawirangron pada lingsanipun nênêm, wicalanipun ingkang wiwitan 8 dhawah wulon. Kaping kalih 8 dhawah taling tarung, kaping tiga 10 dhawah sukon. Kaping sêkawan 6 dhawah wulon. Kaping gangsal 7 dhawah lagnyana, kaping nêm 8 dhawah lagnyana. Balabak pada lingsanipun nênêm, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah lagnyana, kaping kalih 3 dhawah talingan. Kaping tiga 12 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 3 dhawah talingan. Kaping gangsal 12 dhawah lagnyana, kaping nêm 3 dhawah talingan. Ananging kathah-kathahipun ingkang sêpada lingsa wiwitan, ingkang kaping tiga sêrta ingkang kaping gangsal, asring ing sadhawah-dhawahipun kemawon, botên mawi guru lagu.

Tuwan Anu: Kèndêl sêkêdhap, saudara, tangan kula kêju namung kantun sêkar tiga, Gambuh, Dudukwuluh, Lonthang, mangke kadumugèkakên.

Kawirêja: Inggih sumôngga, kalih kula inggih badhe nginang. Gombak, prènèkna lopak-lopake.

Gombak: Inggih.

--- 172 ---

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Kawirêja: Inggih, sêkar Lonthang pada lingsanipun ing sêpada agêng tiga, wicalanipun ngalih wêlas, sami dhawah lagnyana. Gambuh pada lingsanipun gangsal. Ingkang wiwitan wicalanipun 7 dhawah sukon. Kaping kalih 10 dhawah sukon. <328> Kaping tiga 12 dhawah wulon. Kaping sêkawan 8 dhawah sukon. Kaping gangsal 8 dhawah taling tarung. Dudukwuluh pada lingsanipun gangsal. Ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah sukon. Kaping kalih 8 dhawah wulon. Kaping tiga 8 dhawah sukon, kaping sêkawan 8 dhawah wulon. Kaping gangsal 8 dhawah taling tarung.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun sêkar Macapat ingkang dèrèng.

Kawirêja: Inggih, wêstanipun ing sêkar Macapat, 1. Dhangdhanggêndhis, 2. Sinom, 3. Asmarandana, 4. Kinanthi, 5. Pangkur, 6. Durma, 7. Mijil, 8. Maskumambang, 9. Pucung.

Tuwan Anu: Kadospundi wicalan sêrta guru lagunipun.

Kawirêja: Mêkatên, Dhangdhanggêndhis pada lingsanipun ing sêpada agêng 10, wicalanipun ingkang wiwitan 10 dhawah wulon. Kaping kalih 10 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah talingan. Kaping sêkawan 7 dhawah sukon. Kaping gangsal 9 dhawah wulon. Kaping nêm 7 dhawah lagnyana, kaping pitu 6 dhawah sukon. Kaping wolu 8 dhawah lagnyana, kaping sanga 12 dhawah wulon. Kaping sêdasa 7 dhawah lagnyana. Sinom pada <329> lingsanipun sanga, wicalanipun ingkang wiwitan 8 dhawah lagnyana, kaping kalih 8 dhawah wulon. Kaping tiga 8 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 8 dhawah wulon. Kaping gangsal 7 dhawah wulon. Kaping nêm 8 dhawah sukon. Kaping pitu 7 dhawah lagnyana, kaping wolu 8 dhawah wulon. Kaping sanga 12 dhawah lagnyana. Asmarandana pada lingsanipun pitu, ingkang wiwitan wicalanipun 8 dhawah wulon, kaping kalih 8 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah talingan utawi taling tarung, kaping sêkawan 8 dhawah lagnyana, kaping gangsal 7 dhawah lagnyana, kaping nêm 8 dhawah sukon, kaping pitu 8 dhawah lagnyana.

Tuwan Anu: Kèndêla sakêdhap, saudara, kêrtasipun têlas. Kula badhe mêndhêt malih.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Kawirêja: Inggih, Kinanthi pada lingsanipun ing sêpada agêng 6, wicalanipun molu, ingkang wiwitan dhawah sukon, kaping kalih wulon, kaping tiga lagnyana, [lagnya...]

--- 173 ---

[...na,] kaping sêkawan wulon, kaping gangsal lagnyana, kaping nêm wulon. Pangkur pada lingsanipun 7, ingkang wiwitan wicalanipun 8 dhawah lagnyana, kaping kalih 11 dhawah wulon. Kaping tiga 8 dhawah sukon. Kaping sêkawan <330> 7 dhawah lagnyana, kaping gangsal 12 dhawah sukon. Kaping nêm 8 dhawah lagnyana, kaping pitu 8 dhawah wulon. Durma pada lingsanipun pitu, ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah lagnyana, kaping kalih 7 dhawah wulon. Kaping tiga 6 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 7 dhawah lagnyana, kaping gangsal 8 dhawah wulon. Kaping nêm 5 dhawah lagnyana, kaping pitu 7 dhawah wulon.

Tuwan Anu: Kula badhe ngewahi kalam rumiyin, awit sampun sangêt pêpêripun.

Kawirêja: Inggih, sadangunipun nyêrat, sasumêrêp kula anggèn sampeyan ngewahi sawêg sêpisan punika.

Tuwan Anu: Inggih, mênawi kêrtasipun alus, botên kêrêp angewahi kalam. Sampun, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Kawirêja: Inggih, sêkar Mijil pada lingsanipun nênêm. Ingkang wiwitan wicalanipun 10 dhawah wulon. Kaping kalih 6 dhawah taling tarung, kaping tiga 10 dhawah talingan. Kaping sêkawan 10 dhawah wulon. Kaping gangsal 6 dhawah wulon. Kaping nêm 6 dhawah sukon. Maskumambang pada lingsanipun 4, ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah wulon. Kaping kalih 6 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah wulon. Kaping sêkawan <331> 8 dhawah lagnyana. Pucung pada lingsanipun sêkawan. Ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah sukon. Kaping kalih 6 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah wulon utawi taling tarung, punapadene talingan. Kaping sêkawan 12 dhawah lagnyana.

Tuwan Anu: Mênggah sêkar tigang pangkat wau, kanggenipun punapa wontên ing sadhengah sêrat kemawon.

Kawirêja: Mênawi sêkar Agêng kanggenipun namung wontên ing sêrat Kawi, sêkar Têngahan akalihan sêkar Macapat wontên ing sêrat jarwa, sêkar Agêng namung sêtunggil Girisa, ingkang asring katunggilakên kalihan sêkar Macapat, wondening Girisa wau bilih kaangge wontên ing sêrat jarwa, mawi guru lagu, dhawah lagnyana sêdaya.

Tuwan Anu: Mênggah lampahipun sêkar Kawi tuwin wicalan punapadene lagunipun sêkar Têngahan akalihan sêkar Macapat ing Nyayogya utawi ing sanèsipun nêgari, punapa sami kemawon.

Kawirêja: Mênawi wicalanipun sêrta ugêring lagu, sasumêrêp kula sami kemawon. [kema...]

--- 174 ---

[...won.] Namung cengkokipun sanès-sanès. Sampun ingkang liya nêgari, ing salêbêtipun nêgari Surakêrta ngriki kemawon sanès-sanès. Kados ta cengkok ing kêraton, cengkok ing Mangkunêgaran, cengkok ing Natakusuman, punika sami sanès-sanès.

Tuwan Anu: Namanipun sêkar punika sêdaya punapa wontên têgêsipun. <332>

Kawirêja: Wontên. Ananging têgêsipun wontên ingkang botên kenging sampeyan ugêmi sêtunggil kemawon, amêrgi têmbungipun Kawi wontên ingkang anggadhahi murad kalih utawi tiga, têpangipun ing têmbung ngajêng utawi ing wingking asring ngêmu raos kalih, manawi kula sampeyan kêrsakakên nêgêsi, sumêlang kula, bokmênawi botên condhong akalihan pêmanggihipun tiyang sanès.

Tuwan Anu: Punika botên dados punapa, sampeyan têgêsi ing sapêmanggih sampeyan piyambak.

Kawirêja: Inggih sumôngga, mênawi sampeyan mriyogèkakên, ingkang badhe kula têgêsi rumiyin, wêstanipun sêkar Kawi, ingkang muradipun sampun gumathok utawi botên ngêmu raos kalih.

Tuwan Anu: Kula andhèrèk ing sakêrsa sampeyan.

Kawirêja: 1. Lêbdajiwa, têgêsipun angsal gêsang, 2. Sudiradraka, têgêsipun kêndêl botên sêrônta, 3. Girisa, têgêsipun kêkês, giris, 4. Nagabônda, têgêsipun sawêr agêng, 5. Nagakusuma, têgêsipun nagasari, 6. Sardula Wikridita, têgêsipun sima galak kêlangkung, 7. Sulanjari, têgêsipun lantip ing wêwulang, 8. Swandana, têgêsipun kêreta, titihan, 9. Basônta, têgêsipun rêmbulan, 10. Gô <333> ndakusuma, têgêsipun ambêting sêkar, 11. Kilayunêdhêng, têgêsipun kilayu sumêdhêng, utawi nyêdhêng, 12. Astakuswala utawi Wihastakosala tuwin Astakusala, têgêsipun tangan molah, 13. Sasadara Kawêkas, têgêsipun rêmbulan karintênan, 14. Bramara Wilasita, têgêsipun kombang ngêlèng, 15. Wisalya Arini, têgêsipun paèsing èstri, 16. Dhadhap Mantêb, têgêsipun dhadhap sêmi, 17. Sikarini, têgêsipun irunging èstri.

Tuwan Anu: Punapa namung pitulas punika ingkang muradipun botên ngêmu raos kalih.

Kawirêja: Sasumêrêp kula inggih namung punika, wondening ingkang kula wêstani anggadhahi têgês langkung saking sêtunggil, kados ta Madurêtna, madu punika anggadhahi murad kalih, 1. mabên, 2. linangkung, têgêsipun rêtna: sêsotya, sarèhning sêsotya punika sela adi, asring kadamêl upami samukawis ingkang linangkung [linang...]

--- 175 ---

[...kung] saking bangsanipun. Kados ta putri kawastanan sêsotyaning pura, dados Madurêtna wau kenging dipun têgêsi mabên linangkung utawi sêsotya linangkung.

Tuwan Anu: Mênawi anggadhahi têgês sêsotya linangkung, punapa botên kuwangsul êtraping têmbung, mungêl Madurêtna, lêrêsipun napa botên Rêtnamadu. <334>

Kawirêja: Mênawi kadamêl baliswara, botên kuwangsul, sasaminipun kados ta Bratayuda, kenging mungêl yudabrata. Rajawiku kenging mungêl wikuraja. Baudirga kenging mungêl dirgabau. Giriwana kenging mungêl wanagiri, swaragora kenging mungêl goraswara. Kusumawicitra kenging dipun têgêsi kalih, 1. sêkar linangkung ing wêrni, 2. èstri linangkung ing wêrni. Prawiralalita, lalita punika anggadhahi têgês nênêm, bagus, bingah, mulêt, pêngalêm, wêrni, kumêlab. Dados Prawiralalita wau kenging dipun têgêsi prajurit bagus utawi prajurit bingah. Bôngsapatra têgêsipun panjang putra, kêkuluban. Sapratitala, tala punika anggadhahi têgês tiga, siti, dhêmpul, griya tawon, dados Sapratitala kenging dipun têgêsi kados siti, kados dhêmpul, kados griya tawon.

Tuwan Anu: Anggèn sampeyan nêgêsi punika kula sêrati sêdaya, ing benjing badhe kula pitakèkakên dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra.

Kawirêja: Priyogi mêkatên.

Tuwan Anu: Mugi sampeyan lajêngakên anggèn sampeyan nêgêsi.

Kawirêja: Inggih, sapunika Wêgang Sulanjani, wêgang anggadhahi têgês gangsal, uwang, siyung, tikus, cêlêngan, dêdamêlipun tiyang ambubut, saèmpêr kados tatah, <335> sulanjani anggadhahi têgês kêkalih, lutung utawi uwa-uwa, dados Wêgang Sulanjani kenging dipun têgêsi uwang lutung, siyung lutung, uwang uwa-uwa, siyung uwa-uwa, cêlêngan lutung, tikus uwa-uwa, cêlêngan uwa-uwa. Kuswalalita, kuswa punika anggadhahi têgês gangsal, ambung, ambêt, angge, mêngangge, sêrasah, mênggah têpanging basa, pikantuka têgêsan mêngangge sae utawi sêrasah sae, pamêndhêt kula saking balakuswa, têgêsipun bala mêngangge. Patralalita kenging katêgêsan godhong sae ing wêrni utawi godhong mulêt. Patramanggala, manggala punika anggadhahi têgês tiga, urang, pêngajêng, pêngagêng, mênggah têpanging basa, pikantuka têgêsan godhong agêng utawi godhong wiyar. Manggalagita, gita punika anggadhahi têgês kalih, rikat, têmbung, dados kenging dipun têgêsi pangagêng rikat utawi kurang rikat. Swaladara, swala punika anggadhahi têgês gangsal, gêndhing, swara, kidung, lêlungid, suling, dara anggadhahi têgês tiga, agêng, asor, pêksi dara, dados Swaladara wau kenging dipun têgêsi gêndhing [gê...]

--- 176 ---

[...ndhing] asor, gêndhing agêng, kidung asor, swara asor, swara agêng, suling agêng, suling asor, utawi sawangan ingkang wontên ing pêksi dara. Maesabayangan, bayangan anggadhahi têgês tiga, boyongan, jêmpalikan, kêndêl, dados kenging katêgêsan maesa boyongan, maesa jêmpalikan, maesa kêndêl.

Tuwan Anu: Sampeyan ngunjuk wedang malih, saudara. <336>

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Tiyang anggarap pêdamêlanipun piyambak, sêrta ingkang botên prêlu, priyogi ing sasêkecanipun.

Kawirêja: O inggih, witipun tiyang anêgêsi têmbung, ingkang sampun botên kangge kêdah tamban, mawi ngèngêt-èngêt mênawi têksih wontên têgêsipun ingkang kêslêmpit sêrta mawi nêpang-nêpangakên rujuking basa.

Tuwan Anu: Inggih, suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Kawirêja: Inggih, Wisatikandhêh anggadhahi têgês kêkalih, 1. Wisa linangkung kasêsêr, inggih punika wisa mandos kêlangkung, ical kêmandosanipun. Awit têmbung ti utawi wiati têgêsipun langkung, linangkung. Kandhêh, kandhih utawi kêndhih, têgêsipun kasêsêr. 2. Awon utawi sêsukêring manah ical, awit wisa wau kadamêl ngibarat awon utawi sêsukêr. Ti punika têmbung wancah, wêtahipun ati, kramanipun manah.

Tuwan Anu: Têmbung ti akalihan kandhêh, punapa kêrêp kêsrambah wontên ing sêrat waosan.

Kawirêja: Inggih, kados ta arjanti, wijayanti, tiraya, tirabasa, tibisana. Kandhêh utawi kandhih tuwin kêndhih, punika sami kemawon. Kados ta kandhêh tekang wiyoga, kandhêh ning kalesa, têgêsipun ical ingkang <337> susah, icaling rêrêgêd.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun têmbung gangsal ingkang sampeyan pêngandikakakên rumiyin piyambak wau.

Kawirêja: Têgêsipun arjanti: langkung rêspati, wijayanti: langkung unggul, tiraya: langkung agêng, tirabasa: langkung risak, tibisana, langkung mandos, langkung ngajrihi, langkung agêng.

Tuwan Anu: Kula sêpisan maos sêrat amanggih têmbung tiramya, punapa punika têgêsipun langkung rame.

Kawirêja: Tiramya punika têgêsipun kalih, langkung rame utawi langkung asri.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên anggèn sampeyan nêgêsi.

--- 177 ---

Kawirêja: Inggih, têgêsipun Kawitana sawêg pamanggih kula binangsalan, kagriyanan, awit sumêrêp kula têgêsipun witana namung bangsal akalihan griya, têgêsipun wohingrat, wohing jagad. Punika namaning sêkar, ananging kula dèrèng sumêrêp wêrdinipun. Sampun dalu, saudara, benjing-enjing sontên kemawon kula wangsul mriki, ing sapunika kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, sakêlangkung suka bingah kula sampeyan badhe pinarak mriki malih. <338>

Kawirêja: Mênawi botên wontên pambênganipun ingkang prêlu, kenging sampeyan pêsthèkakên wangsul kula.

71. verlog van het voorgaande gesprek, en over fouten in de handschriften van Kawi-werken

Tuwan Anu: Sangêt anggèn kula ngajêng-ajêng ing sampeyan, kula wêstani botên èstu rawuh.

Kawirêja: Mila dhatêng kula ngantos lungse saking sumados, amêrgi kula kêtamuan sêdhèrèk ing dhusun. Kala wau kula sampun mangkat dumugi ing regol, anuntên sêdhèrèk kula wau dhatêng.

Tuwan Anu: Sampeyan pinarak, saudara.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan ing sapunika dhangan, andumugèkakên anggèn sampeyan nêgêsi namaning sêkar Kawi akalihan sêkar Têngahan tuwin sêkar Macapat.

Kawirêja: Kula sumanggakakên kemawon. Etang kula sêkar Kawi namung kantun sanga ingkang dèrèng kula têgêsi.

Tuwan Anu: Etang kula têksih tiga wêlas ingkang dèrèng sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Punapa mêkatên. <339>

Tuwan Anu: Inggih, sêkar Salisir ingkang dèrèng sampeyan têgêsi sêkawan, Liwung, Salisir, Têbukasol, Têbusauyun. Wondening sêkar Kawi ingkang awis kêsrambah sanga.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan. Têgêsipun liwung, bingung, mêndêm. Têgêsipun Têbusauyun, têbu sadhapur. Têgêsipun Salisir, simpang. Têgêsipun Têbukasol, têbu dipun êsol.

--- 178 ---

Wondening naminipun sêkar Agêng sanga wau, ingkang kula sumêrêpi, 1. Citramêngêng, têgêsipun aksara mungêl. 2. Côndrawilasita, têgêsipun rêmbulan ngêlèng, dados rêmbulan sêrap. 3. Côndramêngêng, têgêsipun wêrni kombang.

Tuwan Anu: Kula nyêlani pitakèn, saudara, têmbung côndra ingkang rumiyin sampeyan têgêsi rêmbulan, ingkang kantun punika sampeyan têgêsi wêrni, mêkatên ugi têmbung mêngêng, ing ngajêng sampeyan têgêsi mungêl, ingkang kantun punika sampeyan têgêsi kombang, punapa botên kêlintu.

Kawirêja: Botên, saudara, têmbung côndra wau têgêsipun kêkalih, 1. rêmbulan, 2. wêrni utawi amêrni, inggih punika adamêl. Kados ta côndra basèngkaras, têgêsipun amêrni utawi angêtrap basa wontên ing papan. Wondening mêngêng têgêsipun ingkang lêrês ambrêngêngêng utawi kombang.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara. <340>

Kawirêja: Inggih, Sudirawicitra, têgêsipun langkung kêndêl linangkung ing wêrni, Surajiwandana, wêtahing têmbung sura anjiwandana, têgêsipun kêndêl anunggil tilêm. Sastramanggala, têgêsipun sastra aksara, jêmparing, têgêsipun manggala, pêngajêng, pêngagêng, urang. Mênggah têpanging basa, pinanggihing manah kula pikantuka têgêsan jêmparing pêngajêng, wondening Rêtnajiwa, Jiwarêtna, Langênjiwa, Surarêtna, sasumêrêp kula têgêsipun botên kenging katêpangakên ing ngajêng akalihan ing wingking.

Tuwan Anu: Sênajan mêkatêna, panêdha kula mugi têmbungipun kemawon sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Inggih, rêtna, têgêsipun sêsotya. Jiwa, têgêsipun nyawa, gêsang, langên têgêsipun asri, bingah, sura têgêsipun kuwasa, kêndêl, dewa, dênawa.

Tuwan Anu: Inggih, lêrês sampeyan, kula têpang-têpangakên botên têpang, sapunika nyandhak sêkar Têngahan ingkang badhe sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Inggih, mênggah têgêsipun namaning sêkar Têngahan, sampun gumathok sêdaya, kados ta Palugon, têgêsipun pêprangan. Kulanthe, têgêsipun kalar. Sumêkar, têgêsipun asêkar. Kênya Kadhiri, têgêsipun prawan Kêdhiri. Palugôngsa, têgêsipun tabuh <341> gamêlan, tabuh êgong, utawi gêgitik gong. Jurudêmung têgêsipun juru, lingir, tukang, pikantukipun katêgêsan juru gamêlan utawi tukang gamêlan utawi niyaga punapadene juru nabuh dêmung. Maesalangit punika sampun têmbung jarwa, Kuswawirangrong, têgêsipun pênganggèning kasusahan. Kuswaraga, [Ku...]

--- 179 ---

[...swaraga,] têgêsipun ambêting badan. Lonthang, têgêsipun nglêgèh. Kuswarini, têgêsipun pêngangge èstri utawi kenging katêgêsan ambêting èstri.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun sêkawan ingkang dèrèng sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Inggih, Pamiwaltung, têgêsipun pamisahing kangên, rangsang têgêsipun umob. Rangsang Tuban, têgêsipun umobing toya. Lindur punika sampun têmbung Jawi, inggih punika pêngucapipun tiyang tilêm.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun sêkar Macapat.

Kawirêja: Anggèn kula nêgêsi kêlangkungan tiga saudara, Gambuh, Dudukwuluh akalihan Balabak dèrèng, Gambuh têgêsipun lantèh. Dudukwuluh, têgêsipun suling, sarèhning punika têmbung kalih, mênawi kapisah, anggadhahi têgês piyambak-piyambak. Duduk têgêsipun tuju, kêncêng utawi ing jaman kina wontên dêdamêl nama duduk tuwin namaning sêsakit. Wuluh punika sampun jarwa. Balabak têgêsipun silêm. <342>

Tuwan Anu: Sapunika nyandhak sêkar Macapat.

Kawirêja: Inggih, Dhangdhanggêndhis punika wêstaning godho, ingkang kaangge damêl paès. Punapadene Dhangdhanggêndhis wau kenging katêgêsan gêndhis kareka wêrni dhangdhang. Sinom, têgêsipun godhong asêm utawi rambut alus ingkang wontên ing bathuk. Pangkur, têgêsipun buntut. Durma, têgêsipun sima. Pucung, têgêsipun uwit kêluwak. Mijil, têgêsipun mêdal. Kinanthi, têgêsipun dipun kanthi. Maskumambang sampun têmbung jarwa. Asmarandana utawi Asmaradana, têgêsipun rêmên wèwèh utawi suka sêngsêm.

Tuwan Anu: Sakêlangkung panêdha sêrta suka bingah kula dhatêng ing pitulung sampeyan. Pêmuji kula, mugi kula sagêda malês adamêl suka pirênaning galih sampeyan.

Kawirêja: Sangêt pênuwun kula, sampeyan kagungan pênggalih mêkatên. Mênggah cipta kula, sampun karumiyinan ing pêmalês sampeyan, amêrgi saking kula sampeyan rakêtakên. Namung pênyuwun kula, mênawi wontên lêpat utawi klintunipun anggèn kula nêgêsi, mugi sampun andadosakên duka sampeyan, awit kula dede pujôngga, ingkang kula aturakên namung ing sasumêrêp kula kemawon.

Tuwan Anu: Mêkatên punika sampun sampeyan galih, saudara, botên <343> pisan yèn andadosna manah kula, awit kula sampun andugi piyambak, angèlipun [a...]

--- 180 ---

[...ngèlipun] tiyang anêgêsi nama sanès akalihan nêgêsi têmbung wontên ing sêrat. Sagêd ngurut saking ukaranipun.

Kawirêja: Sukur mênawi sampeyan kagungan pênggalih mêkatên. Wondening kêrsa sampeyan, ingkang sampun kapêngandikakakên dhatêng kula, badhe andangu dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra, angêsahakên anggèn kula nêgêsi, kula mriyogèkakên sangêt.

Tuwan Anu: Lah, punika Radèn Ngabèi Kawindra dhatêng. Sampeyan punapa têksih wilujêng, saudara.

Kawindra: Pêngèstu sampeyan inggih wilujêng.

Tuwan Anu: Sampeyan pinarak, saudara.

Kawindra: Inggih. Sampeyan wau punapa sampun dangu, adhi ngabèi.

Kawirêja: Sampun. Saudara sampeyan tuwan mundhut prêtelanipun sêkar Kawi akalihan sêkar Têngahan sêrta sêkar Macapat salampah tuwin lagunipun. Sampun kula saosi, kula lajêng kakêrsakakên anêgêsi namaning sêkar wau sêdaya, sasagêd sumêrêp kula inggih sampun kula têgêsi, kêrsanipun tuwan, badhe kaêsahakên dhatêng sampeyan, kula sakêlangkung mriyogèkakên. Dados rawuh sampeyan punika kêpênujon.

Kawindra: Pêngraos kula, mênawi sampeyan ingkang nêgêsi, sampun pitados sangêt.

Kawirêja: Dèrèng môntra-môntra kados pêngandika sampeyan punika. Lah, punika wêrninipun, tapak astanipun tuwan piyambak, mugi sampeyan <344> pariksa.

Kawindra: Pêngraos kula sampun lêrês sêdaya, namung namaning sêkar tiga, ingkang sampeyan wêstani botên têpang ing ngajêng kalihan ing wingking, punika pêmanggih kula têpang.

Kawirêja: Ingkang pundi.

Kawindra: Punika, Langênjiwa, Jiwarêtna, Rêtnajiwa.

Kawirêja: Kula sumôngga, kadospundi anggèn sampeyan nêpangakên.

Kawindra: Langên utawi langyan, têgêsipun bingah, kabingahan, asri. Jiwa, têgêsipun nyawa, gêsang. Pêngraos kula pikantuk mênawi katêgêsan kabingahaning gêsang, ewadèntên sumôngga.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan, kula andhèrèk.

Kawindra: Wondening têgêsipun Jiwarêtna, gêbyar utawi soroting sêsotya. Têgêsipun Rêtnajiwa sêsotya gumêbyar utawi sumorot. Surarêtna, têgêsipun dewaning sêsotya, inggih punika pêpêthinganing sêsotya. [sê...]

--- 181 ---

[...sotya.]

Kawirêja: Dene punika têka gumlèthèk kemawon. Sadangunipun kula upadosi botên pinanggih têpangipun. <345>

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, badhe kula sêrati.

Kawirêja: Sumôngga.

Tuwan Anu: Aliya saking tiga punika, punapa sampun lêrês sêdaya, saudara.

Kawindra: Saking pêngraos kula sampun lêrês sêdaya, botên wontên ingkang kula cawadi.

Tuwan Anu: Sampeyan ngunjuk wedang, saudara.

Kawindra: Inggih. Sampeyan sumêrêpa, saudara, para sagêd utawi ingkang ahli Kawi punika sami botên condhong ing bab têgêsipun têmbung Kawi, dados sami gadhah pêmanggih piyambak-piyambak.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa, saudara.

Kawindra: Amêrgi saking botên wontên watonipun kasêbut ing sêrat ingkang kenging kadamêl amabêni, mênawi wontên sulayaning têgês wau, kaping kalih sêrat Jawi punika kathah ingkang ewah, sulaya kalihan babonipun ingkang wiwitan.

Tuwan Anu: Ewahipun punika amêrgi saking punapa.

Kawindra: Sababing ewahipun punika kalih prêkawis, 1. amêrgi saking lêpating panêdhakipun, 2. amêrgi dhasar dipun ewahi dhatêng ingkang gadhah, saking <346> botên sumêrêpipun dhatêng têmbung Kawi, anggadhahi pêmanah yèn lêpat panyêratipun, dados kaewahan ing sapriyogining pêmanggihipun piyambak. Têka mindhak têrang botên, malah sangsaya bibrah, têrkadhang lajêng lintu têgês.

Tuwan Anu: Sadèrèngipun kaewahan, punapa botên mawi kamusawaratakên dhatêng ingkang para sagêd rumiyin.

Kawindra: Yèn mawia kamusawaratakên dhatêng para pujôngga, kados botên wontên sêrat bibrah, wau kula sampun matur, ingkang gadhah andugi yèn lêpat panyêratipun.

Tuwan Anu: Punapa wontên ingkang sampeyan èngêti ungêl-ungêlanipun ing sêrat Kawi sadhengah kemawon, ingkang ewah saking babonipun. Kula badhe sumêrêp.

Kawindra: Ingkang kula èngêti ing sapunika, ing sêrat Bratayuda Kawi kalih panggenan ingkang ewah saking babon, 1. kala pêrangipun Seta akalihan Bisma, ungêl-ungêlanipun mêkatên: mangkin garjita Sang, Wiratha Sutase, napati ring Pandhawa / manduk ring warata, mara sang ngaransa, ntanu jagrèng Kuru / lêrêsing

--- 182 ---

ungêl-ungêlan ingkang sêpada lingsa wêkasan punika mêkatên: manduk ring warata, mara Sang aran sa, nta nu jawagrèng Kuru.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun wagrèng utawi jagrèng.

Kawindra: Wagrèng punika ngêmbêng ing, wêtahipun wagra ing utawi wagraning, wagra, têgêsipun sima, ja: wêdal, anak. Grèng: asat, sirna, mênawi mungêl santanu <347> jagrèng Kuru, saking pêmanggih kula piyambak botên pikantuk ing urutipun. Lêrês ingkang mungêl wagreng Kuru, mila mêkatên, ingkang kasêbut nama Santanuja punika Bisma, anakipun Santanu, Bisma wau simanipun Kurawa, ngibaratipun sima andêl-andêl. Jawinipun ungêl-ungêlan Kawi wau mêkatên: sangsaya girang Sang Seta senapatining Pandhawa, anglêpasakên jêmparing linangkung dhatêng ingkang wêsta Santanu putra, andêl-andêlipun Kurawa.

Tuwan Anu: Malihipun ing pundi saudara.

Kawindra: Malihipun, kala pêjahipun putra ing Wiratha têtiga, sêkaripun Girisa, ungêl-ungêlanipun mêkatên: Atas dhêngira mantuk, sangupura laga ing ngayun / tucapa aji Wiratha, karyya panangising wka / ing kalih dirga punika, ingkang lêpat sêpada lingsa, ingkang mungêl karyya panangising wka, lêrêsipun mungêl karyya manangisi wka. Têgêsipun karyya panangising wka: kantun pênangising putra, têgêsipun karya manangisi wka: kantun anangisi putra, punika ingkang lêrês. Awit kalanipun para prajurit mundur saking pêprangan, ingkang kacriyos ratu ing Wiratha, punika botên tumut mundur, kantun amuwuni putranipun. Ungêl-ungêlan karyya panangisingmanangisi. wka wau, têrkadhang dados karya panangising wka, têgêsipun: adamêl pênangising anak. Aliya saking punika kathah kemawon ingkang ewah, ananging kula botên kèngêtan panggenanipun. Kêjawi wontên sêratipun, kula sagêd nêdahakên. <348>

Tuwan Anu: Mênawi mêkatên, saudara, anggèn sampeyan mitulungi anjawèkakên sêrat kula Bratayuda Kawi, babonipun pundi ingkang lêpat, mugi sampeyan ewahi pisan.

Kawirêja: Inggih, mênawi sampun kula ewahi, badhe kula êsahakên dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawindra.

Tuwan Anu: Inggih, punika priyogi sangêt. Sampeyan kados inggih dhangan amitulungi.

Kawindra: Inggih, ananging saking pêngraos kula, mênawi adhi Ngabèi Kawirêja ingkang nglêrêsakên, sampun pitados sangêt. Aliya saking sêrat Kawi, kula èngêt wontên sêrat Jawi sêtunggil Surti, punika ingkang sêpada lingsa wiwitan inggih asring sulaya kalihan babonipun. Ungêl-ungêlanipun ingkang lêrês [lêrê...]

--- 183 ---

[...s] mêkatên: sarasa sinilêm ing jaladri. Punika wontên ingkang ngewahi mêkatên: surasa sinilêm ing jaladri. Wontên ingkang ngewahi mêkatên: surasa sinilêm ing jelatri. Kalih pisan punika lêpat sêdaya. Aliya saking sêpada lingsa punika kathah ingkang dipun ewahi.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun sêpada lingsa punika.

Kawindra: Têgêsipun: pêngraos kados dipun silêmakên ing sêgantên. <349> punika têmbungipun ingkang nganggit sêrat Surti, saking angeling pênganggitipun, kaupamèkakên kados kasilêmakên ing sêgantên. Mêkatên malih sêsaminipun ingkang kasêbut ing bêbukanipun sêrat Nitipraja, kadya silêm ing sêgara gêni. Punika inggih namung kadamêl upami kemawon.

Tuwan Anu: Manawi sampeyan parêng, kula mugi sampeyan upadosakên sêrat Surti ingkang sampun êsah.

Kawindra: Kula piyambak gadhah, benjing-enjing kula saosakên. Mênawi kêrsa katêdhak, kula inggih sumôngga.

Tuwan Anu: Inggih, badhe kula têdhak.

Kawindra: Mênawi sampun botên wontên kêrsa sampeyan malih, sarèhning sampun dalu, kalih badhe jawah, kula mugi kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, ananging ingkang kula kajêngakên kados botên têlas-têlas. Têksih kathah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan.

Kawindra: Inggih ing sasêlot-sêlotipun, anggêr têksih ginanjar gêsang sêrta kêsarasan, amêsthi botên kula awratakên angladosi kêrsa sampeyan. Sampeyan kantun punapa mundur, adhi ngabèi.

Kawirêja: Kula inggih badhe mantuk. Kula sampeyan lilani mundur, saudara. <350>

Tuwan Anu: Inggih, kula punika bingah sangêt, mênawi kêrêp sampeyan tuwèni.

Kawirêja: Mênawi kula pênuju botên saos sêrta botên wontên pambênganipun sanès, sabên sontên kula inggih sagêd sowan mriki.

Tuwan Anu: Kula sakêlangkung saking dhangan, mênawi sampeyan kêrsa pinarak ing griya kula sabên sontên.

--- 184 ---

72. en 73: over de Javaansche literatuur, in het Kawi en in het Javaansch

Tuwan Anu: Kula punika badhe kêklêmpak sêrat Kawi akalihan sêrat Jawi, ing Surakêrta ngriki punapa wontên tiyang ingkang sade.

Radèn Ngabèi Parakawi: Mênawi sêrat ingkang pancèn kasade botên wontên, ananging wontên tiyang ingkang gadhah, têrkadhang inggih suka katumbas utawi kasambut badhe katêdhak. Sêmantên punika kauningana, sanèsipun para agêng awis tiyang Jawi gadhah sêrat ingkang dumugi cêriyoipun, têrkadhang wontên ingkang gadhah wiwitanipun, têngahan utawi wêkasanipun botên wontên. Suwênèh wontên ingkang gadhah têngahan utawi wêkasanipun kemawon, wiwitanipun <351> botên wontên. Dados kangelan anggènipun ngupados urut têpanging cêriyos ingkang ngantos dumugi têlasipun pisan.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan parêng kula suwuni pitulung ngupadosakên.

Parakawi: Mênawi wontên kêrsa sampeyan botên kula awratakên. Ananging kêdah ing sasêlot-sêlotipun.

Tuwan Anu: Inggih, botên wontên kêsêsanipun. Anggêr sampeyan sampun dhangan amitulungi, manah kula bingah, kalih dening malih, aliya saking sampeyan, kula badhe nêdha pitulung ngupadosakên dhatêng Radèn Ngabèi Kawirêja akalihan dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra.

Parakawi: Kêrsa sampeyan mêkatên punika kula mriyogèkakên.

Tuwan Anu: Kathah pundi, saudara, sêrat Kawi akalihan sêrat Jawi.

Parakawi: Mênawi ingkang têksih têmbung Kawi namung sêkêdhik, amêrgi prêsasat sampun botên wontên wujudipun, kathah ingkang sampun kajawèkakên.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, kula nyuwun prêtelanipun sêrat, ingkang babon saking Kawi, badhe kula sêrati.

Parakawi: Inggih, sêrat ingkang babon saking Kawi, èngêt-èngêtan kemawon: 1. Manikmaya, 2. Mahadewabuda, 3. Budawaka, 4. Mahabrawa, <352> 5. Sumanantaka, 6. Arjuna Wijaya, 7. Ramayana, 8. Mahabasawa, 9. Manumanasa, 10. Purwananda, 11. Ariwanda, 12. Asmaradahan,Asmaradahana, (dan di tempat lain). 13. Dewabrata, 14. Bôndhalaksana, 15. Darmasarana, 16. Pandhupapa, 17. Gorangsa, 18. Bale Gala-gala, 19. Kunjara Krêsna, 20. Malawi Urusan, 21. Pandhawadana, 22. Gathotkacasaya,Gathotkacasraya, (dan di tempat lain). 23. Partayagnya, 24. Palgunadi, 25. Dewa Ruci, 26. Manikharja Purwaka,

--- 185 ---

27. Wiwaha, 28. Yudanagara, 29. Bomantara, 30. Bomantaka, 31. Bratayuda, 32. Krimataya, 33. Yudayana, 34. Ajinirmala, 35. Darmasunya, 36. Nitisastra.

Tuwan Anu: Sêrat Kawi sêmantên kathahipun punika ingkang têksih wontên wujudipun ingkang pundi.

Parakawi: Sasumêrêp kula, 1. Ramayana, 2. Arjuna Wijaya, 3. Bratayuda, 4. Wiwaha, 5. Nitisastra, punika ingkang mêsthi têksih wontên.

Tuwan Anu: Ing sapunika kula nyuwun prêtelanipun sêrat Jawi.

Parakawi: Inggih, sêrat Jawi punika wêrni kalih, wontên ingkang pancèn babon Jawi, wontên ingkang têtêdhakan pêpêthikan saking Arab, mênggah ingkang <353> anggitan Jawi èngêt-èngêtan: 1. Anglingdarma, 2. Bandung, 3. Sindula, 4. Panji Angrèni, 5. Panji Jayalêngkara, 6. Panji Priyêmbada, 7. Panji Paniba, 8. Panji Sêmawung, 9. Babad Pajajaran, 10. Babad Maospait, 11. Babad Dêmak, 12. Babad Pajang, 13. Babad Mêtawis, 14. Babad Kartasura, 15. Babad Palihan Nagari, 16. Baron Sakèndhèr, 17. Damarwulan, 18. Suryangalam, 19. Jugul Mudha, 20. Pêpali, 21. Surti, 22. Jaya Lêngkara Wulang, 23. Nitipraja, 24. Raja Kapa-kapa, 25. Sewaka, 26. Wulangrèh, 27. Sanasunu, 28. Jayabaya, 29. Dasanama, 30. Carakabasa, 31. Rêngganis, 32. Panji Murtaswara, 33. Kudanarawôngsa, 34. Cênthini, 35. Pawukon, 36. Katuranggan, 37. Kancil, 38. Sasana Prabu, 39. Yudanagara Wulang, 40. Hidayatullah, 41. Sèh Tekawardi, 42. Pranacitra.

Tuwan Anu: Sêrat Jawi ingkang babon utawi pêpêthikan saking kitab, mugi sampeyan prêtelakakên pisan.

Parakawi: Inggih, èngêt-èngêt kemawon, 1. Anbiya,Ambiya (dan di tempat lain). 3. Iskandar, 3. Menak, 4. Asmarasupi, 5. Tajusalatin, 6. Nawawi, 7. Bustam, 8. Joharsah, 9. Mursada, 10. Bayan Budiman, 11. Sawarnining <354> suluk, 12. Ahmad Muhamad, 13. Khobar Kiyamat, mênggah sêrat Rêngganis ingkang sampun kula aturakên wau, sêsêmpalan saking Menak.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan sumêrêp wêstanipun ingkang nganggit sêrat Kawi sêdaya wau.

Parakawi: Sumêrêp.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, mugi sampeyan prêtelakakên. Badhe kula sêrati pisan.

--- 186 ---

Parakawi: Inggih, Sêrat Manikmaya, Dewabrata, Dewa Ruci, Manikarja Purwaka, Yudanagara, ingkang nganggit kala têksih têmbung Kawi, anama Êmpu Widayaka. Sêrat Mahadewa Buda, Ramayana, ingkang nganggit Êmpu Puywa. Sêrat Budawaka, ingkang nganggit Êmpu Yogiswara. Sêrat Mahabrama, Sumanantaka, ingkang nganggit Êmpu Monaguna. Sêrat Arjuna Wijaya, Ariwanda, Gathotkacasaya,Gathotkacasraya (dan di tempat lain). Krimataya, ingkang nganggit Êmpu Panuluh. Sêrat Mahabasawa, Purwananda, ingkang nganggit Êmpu Thanirat. Sêrat Asmaradahan ingkang nganggit Êmpu Salukat akalihan Êmpu Karmajaya. Sêrat Bôndhalaksana, ingkang nganggit Êmpu Ragarunting. Sêrat Darmasarana, Pandhawadana, ingkang nganggit Êmpu Tapawangkêng. Sêrat Pandhupapa ingkang nganggit Êmpu Mayangga. Sêrat Gorangsa ingkang nganggit Êmpu Brata. Sêrat Bale Gala-gala, sêrat Manumanasa, ingkang nganggit Êmpu Jôngga. sêrat Kunjara Krêsna, Bomantaka, ingkang nganggit Êmpu Bodhaguna. Sêrat Malawi Urusan ingkang nganggit Êmpu Paradhah. Sêrat Partayagnya, Wiwaha, ingkang nganggit Êmpu Kanwa. Sêrat Palgunadi, ingkang nganggit Êmpu Karmajaya. Sêrat Bomantara, Yudayana, ingkang nganggit Êmpu <355> Kalangon. Sêrat Bratayuda, ingkang nganggit Êmpu Sêdhah. Sêrat Aji Nirmala, ingkang nganggit Êmpu Wijatmaka. Sêrat Darmasunya, ingkang nganggit Bathara Panyarikan. Sêrat Nitisastra, ingkang nganggit Prabu Widayaka.

Tuwan Anu: Sêrat Kawi sêdaya wau nyêriyosakên punapa, saudara, mugi sampeyan prêtelakakên sêtunggil-sêtunggil.

Parakawi: Inggih, sêrat Manikmaya nyêriyosakên kala Sang Hyang Wasesa anitahakên bumi akalihan langit. Sêrat Mahadewa Buda anyêriyosakên kala Sang Hyang Guru jumênêng ratu ing ngarcapada. Sêrat Budawaka nyriyosakên kala Sang Hyang Guru mranata agami. Sêrat Mahabrama nyriyosakên kala Sang Hyang Brama jumênêng ratu ing ngarcapada. Sêrat Sumanantaka nyriyosakên kala Sang Hyang Wisnu jumênêng ratu ing ngarcapada. Sêrat Arjuna Wijaya nyriyosakên lêlampahanipun ratu Sabrang ing Maèspati. Sêrat Ramayana nyriyosakên lêlampahanipun ratu sabrang ing Ngayudya akalihan ratu ing Ngalêngka. Sêrat Mahabasawa nyriyosakên kêraton ing Wiratha. Sêrat Manumanasa nyriyosakên <356> lêlampahanipun Rêsi Manumanasa. Sêrat Purwananda nyriyosakên kêraton ing Ngastina wiwitan. Sêrat Ariwanda nyriyosakên lairipun Bêgawan Abiyasa. Sêrat Asmaradahan nyêriyosakên kramanipun PêgawanBêgawan (dan di tempat lain). Abiyasa wau.

Tuwan Anu: Sampeyan kèndêl sêkêdhap, saudara, ingkang dhatêng punika tingal kula kados Radèn Ngabèi Kawiswara.

--- 187 ---

Parakawi: Tingal kula inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Sampeyan lajêng, saudara, sampun lami sampeyan botên kêtingal-kêtingal.

Kawiswara: Inggih, mila lami botên sowan ing sampeyan, tiyang èstri kaganjar sakit kasrêpên. Ing sapunika sampun sêkeca.

Tuwan Anu: Kula botên kêmirêngan pisan-pisan, mênawi rayi sampeyan gêrah, anggèn sampeyan botên pinarak mriki kula wêstani amêrgi saking kêpambêngan ing pêdamêlan kathah, utawi anglampahi ayahan dalêm.

Kawiswara: Kula ing dalêm kalih wulan botên kesah-kesah saking griya, anênggani tiyang èstri kemawon. Panjênêngan sampeyan wau punapa sampun dangu, kyai.

Parakawi: Uwis, têkaku dhèk jam sêtêngah lima, saudaramu tuwan ngêrsakake kêklumpuk layang Kawi lan layang Jawa, aku dipundhuti pitulung ngupayaake, sêrta <357> mrêtelakake jênênging layang siji-sijine, mau wis disêrati kabèh, dalasan jênênge kang padha nganggit apadene cêritane layang siji-siji, durung nganti tutug kêsêlak kowe têka.

Kawiswara: Sumôngga kalajêngakên, sowan kula punika botên wontên prêluninan,prêlunipun,. namung saking lami botên kêpanggih akalihan saudara ijêngandika tuwan.

Parakawi: Aku iki sumôngga bae, yèn dikêrsakake marang tuwan iya dak tutugake.

Tuwan Anu: Mênawi parêng inggih sampeyan dumugèkakên. Yèn sampun, lajêng sami omong-omongan.

Parakawi: Inggih, wau sawêg dumugi sêrat Asmaradahan. Ing sapunika sêrat Dewabrata, punika nyriyosakên lêlampahanipun Rêsi Bisma. Sêrat Bôndhalaksana nyriyosakên sayêmbaranipun Dèwi Kunthi ing Madura. Sêrat Darmasarana nyriyosakên lairipun Pandhawa. Sêrat Pandhupapa nyriyosakên sedanipun Prabu Pandhu. Sêrat Gorangsa nyriyosakên lêlampahanipun Prabu Basudewa. Sêrat Bale Gala-gala nyriyosakên Pandhawa dipun bêsmi wontên ing Ngastina. Sêrat Kunjara Krêsna nyriyosakên jumênêngipun Prabu Krêsna ing Dwarawati. Sêrat Malawi Urusan nyêriyosakên kala babadipun <358> ing Ngamarta. Sêrat Pandhawadana nyriyosakên Pandhawa nglampahi têtapa. Sêrat Gathotkacasaya nyriyosakên lairipun Gathotkaca. Sêrat Partayagnya nyriyosakên Arjuna krama angsal Dèwi Sumbadra. Sêrat Palgunadi nyriyosakên Arjuna anggêguru dhatêng Durna.

--- 188 ---

Tuwan Anu: Kèndêl sêkêdhap, saudara, kula badhe ngewahi kalam. Sidin, jupukna lading pêngaretanaku.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Parakawi: Inggih. Sêrat Dewaruci nyriyosakên Wrêkodara anggêguru dhatêng Durna. Sêrat Manikarja Purwaka nyriyosakên Pandhawa sami dipun apusi wontên ing Ngastina. Sêrat Wiwaha nyriyosakên Arjuna tapa anama Mintaraga. Sêrat Yudanagara nyriyosakên Pandhawa sami suwita wontên ing Wiratha. Sêrat Bomantara nyriyosakên lairipun Boma. Sêrat Bomantaka nyriyosakên pêjahipun Boma. Sêrat Bratayuda nyriyosakên pêrangipun Pandhawa mêngsah Korawa. Sêrat Krimataya nyriyosakên muksanipun Pêgawan Abiyasa. Sêrat Yudayana nyriyosakên lêlampahanipun Prabu Yudayana. Sêrat Aji Nirmala nyriyosakên lêlampahanipun Prabu Aji Nirmala. Sêrat Darmasunya nyriyosakên sakathahipun <359> ngèlmi Buda. Nitipraja punika sêrat wêwulang. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Sêrat Darmasunya wau kula kêpingin gadhah, badhe sumêrêp ngêlminipun tiyang Buda, pêndugi sampeyan punapa têksih wontên.

Parakawi: Ing Surakêrta ngriki awis wontên, saudara, duka sampeyan ing nêgari liyanipun. Ewadèntên inggih kula prêlokakên ing pêngupados kula. Kêpriye anak ngabèi, apa kowe tumon ana wong duwe layang Darmasunya.

Kawiswara: Kula nuwun botên.

Tuwan Anu: Ing sapunika priyogi sami kèndêl rumiyin, sami lênggahan ing jawi sêrta omong-omongan.

Parakawi: Sumôngga, ananging mênawi parêng, kula kalilana mantuk, benjing-enjing kula sowan mriki malih.

Tuwan Anu: Sumôngga ing sakêrsa sampeyan. Wondening sampeyan badhe pinarak mriki malih, sakêlangkung andadosakên suka bingah kula, kula badhe sumêrêp namanipun ingkang sami nganggit sêrat Jawi, sêrta ingkang kacriyosakên ing sêtunggil-sêtunggiling sêrat.

Parakawi: Inggih, kowe kari apa barêngi aku.

Kawiswara: Kula inggih badhe mundur, sampeyan lilani, saudara. <360>

Tuwan Anu: Inggih mênawi sagêd, sampeyan benjing-enjing kula aturi nyarêngi rama ijêngandika Radèn Ngabèi Parakawi pinarak mriki malih.

--- 189 ---

Kawiswara: Kados sagêd.

73. Tuwan Anu: Sakêlangkung andadosakên suka bingahing manah kula, sampeyan pinarak mriki, suwawi sami lênggah, saudara.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Mênawi sampeyan parêng, kula andumugèkakên pênyuwun kula, badhe sumêrêp namanipun ingkang sami nganggit sêrat Jawi sêrta ingkang kacriyosakên ing sêtunggil-sêtunggiling sêrat.

Parakawi: Inggih, sêrat Tajusalatin, Iskandar, Panji Angrèni, Babad Palihan Nagari, Sewaka, ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kêpisan. Sêrat Sanasunu ingkang nganggit Radèn Ngabèi Yasadipura kaping 2. Sêrat Nawawi ingkang nganggit <361> Ngabèi Sastrawijaya. Sêrat Anglingdarma ingkang nganggit Adipati ing Sêmawis. Sêrat Bandung ingkang nganggit Kyai Panjang Jiwa. Sêrat Sindhula ingkang nganggit Panêmbahan ing Madura. Sêrat Panji Jayalêngkara ingkang nganggit Ngabèi Kêrtadiwirya.

Tuwan Anu: Kula nyêlani pitakèn, saudara, ingkang sampeyan wêstani Ngabèi Yasadipura kaping 2, punapa punika ingkang kaparingan nama Radèn Tumênggung Sêstranêgara.

Parakawi: Inggih, punika guru kula. Sêrat Panji Priyêmbada ingkang nganggit panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 3. Sêrat Panji Paniba ingkang nganggit Mas Rôngga Awikrama, inggih punika Yasadipura kaping 3, sêrat Panji Sêmawung ingkang nganggit Mas Rônggawarsita. Sêrat Baron Sakèndhèr, ingkang nganggit Ngabèi Yudasara. Sêrat Suryangalam, Jugul Mudha ingkang nganggit Sultan Dêmak. Sêrat Pêpali ingkang nganggit Kyai Agêng Sêsela. Sêrat Surti ingkang nganggit Pangeran Karanggayam ing Pajang. Sêrat Jayalêngkara Wulang ingkang nganggit Pangeran Pêkik ing Surapringga. Sêrat Nitipraja ingkang nganggit Kangjêng Sultan Agung. Sêrat Wulangrèh ingkang nganggit panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 4, sêrat Suluk ingkang nganggit para wali.

Sidin: Kula amatur ing sampeyan, punika wontên utusanipun Radèn Ngabèi Kawiswara.

--- 190 ---

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Utusan: Kula nuwun, sowan kula ing panjênêngan sampeyan dipun utus dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawiswara, ingkang rumiyin angaturakên ingkang tabe, kaping kalih angaturi uninga, mênawi saudara sampeyan botên sagêd sowan, amêrgi katimbalan dhatêng kêpatihan.

Tuwan Anu: Iya, aturna tabeku marang saudara radèn ngabèi.

Utusan: Inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya. Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Parakawi: Inggih. Sêrat Babad Pajajaran, Babad Maospait, Babad Dêmak, Babad Pajang, Babad Matawis, Raja Kapa-kapa, ingkang nganggit Pangeran Adilangu. Sêrat Babad Kêrtasura, Damarwulan, Dasanama, Carakabasa, Panji Murtasmara, Kudanarawôngsa, Sasana Prabu, Yudanagara Wulang, ingkang nganggit Carik Bajra ing Kêrtasura. Sêrat Pranacitra, Rêngganis, anggitanipun Rônggajanur ing Kêrtasura. Sêrat Ambiya, kala wiwitan ingkang nganggit para ngulami, lajêng dipun anggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kêpisan. Sêrat Menak, kala wiwitan ingkang nganggit Kyai Sutrapana, lajêng dipun anggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kêpisan. Sêrat Asmarasupi, kala wiwitan ingkang nganggit Adipati Pangeran <363> ing Sêmawis, lajêng kaanggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kêpisan.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang rumiyin, saudara.

Parakawi: Inggih. Punapa kula lajêngakên, saudara.

Tuwan Anu: Inggih, mênawi parêng.

Parakawi: Sêrat Jayabaya ing kina ingkang nganggit Êmpu Salukat, lajêng kaanggit malih dhatêng Susuhunan Giri kaping 2, anuntên kaanggit malih dhatêng Pangeran Adilangu kala jaman Kêrtasura. Sêrat Pawukon ingkang nganggit Ajar Artandriya, nuntên kawangun dhatêng Susuhunan Giri kaping 2. Sêrat Kancil kalayan sakathahipun dongèng sato khewan panunggilanipun sêrat Kancil wau, ingkang nganggit Kyai Rôngga Amongsêstra, carik ing kadospatèn kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 5. Sêrat Katuranggan ingkang nganggit Radèn Manyura, lurah panêgar ing Kêrtasura. Sêrat Cênthini punika kaanggitan ing pasisir kala jaman Mêtawis, lajêng kaanggit malih dhatêng Kyai Rôngga Sutrasna carik ing kadospatèn, kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 5, kula badhe nginang rumiyin, saudara.

Tuwan Anu: Inggih.

--- 191 ---

Parakawi: Sopla, lopak-lopake prènèkna. <364>

Sopla: Inggih.

Parakawi: Etang kula namung kantun sêrat wolu, Joharsah, Mursada, Bayan Budiman, Sèh Tekawardi, Hidayatullah, Bustam, Ahmad Muhamad, Khabar Kiyamat, ananging sêdaya punika kula botên sumêrêp ingkang nganggit, ingkang kula sumêrêpi namung cêriyosipun.

Tuwan Anu: Kula rumiyin mirêng wontên sêrat Jawi nama Jatikusuma, punapa inggih yêktos wontên.

Parakawi: Inggih wontên, punika pênunggilanipun suluk ingkang sampun kula aturakên wau, wondening panunggilanipun malih sêrat Sèh Malaya, Jaka Salewah. Sêrat Jatikusuma, akalihan Sèh Malaya, ingkang nganggit Pangeran Adilangu. Sêrat Jaka Salewah ingkang nganggit Susuhunan Lèpèn.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, ing sapunika kula nyuwun sumêrêp ingkang kacriyosakên ing sêtunggil-sêtunggiling sêrat Jawi wau.

Parakawi: Inggih sumôngga, sêrat Anbiya nyêriyosakên lêlampahanipun para Nabi ing tanah Ngarab. Sêrat Iskandar nyêriyosakên Sultan Iskandar ing Rum. Sêrat MenanMenak. nyêriyosakên lêlampahanipun Sayidina Khamjah. Sêrat Asmarasupi nyêriyosakên lêlampahanipun Asmarasupi. Sêrat Anglingdarma nyêriyosakên lêlampahanipun Prabu Anglingdarma <365> ing Malawapati. Sêrat Bandung nyêriyosakên lêlampahanipun Prabu Baka ing Prambanan. Sêrat Sindhula nyêriyosakên lêlampahanipun Prabu Sindhula dumugi Ajisaka. Sêrat Panji Angrèni nyêriyosakên kramanipun Panji angsal Dèwi Angrèni. Sêrat Panji Jayalêngkara nyêriyosakên Dèwi Kirana dados ratu ing Bali. Sêrat Panji Priyêmbada nyêriyosakên lêlampahanipun Panji kala nama Panji Prinyêmbada.

Tuwan Anu: Kèndêl sêkêdhap, saudara, kula badhe ngewahi kalam.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Saupami kula sagêda pikantuk sakathahing sêrat ingkang sampun kula sêrati namanipun punika, iba bingahipun manah kula.

Parakawi: Mênawi dipun têlatosi ing pêngupadosipun, kados inggih sagêd pikantuk sêdaya.

Tuwan Anu: Swawi sampeyan dumugèkakên, saudara.

Parakawi: Inggih, sêrat Panji Paniba nyêriyosakên lêlampahanipun Dèwi Kirana kala nama Paniba. Sêrat Panji Sêmawung nyêriyosakên kala [ka...]

--- 192 ---

[...la] Panji sampun jumênêng ratu. Sêrat Babad Pajajaran nyêriyosakên kêraton ing Pêjajaran. Babad Maospait nyêriyosakên kêraton ing Maospait. Sêrat Babad Dêmak nyêriyosakên kêraton ing Dêmak. <366> Babad Pajang nyêriyosakên kêraton ing Pajang. Babad Matawis nyêriyosakên kêraton ing Mêtawis. Babad Kartasura nyêriyosakên kêraton ing Kartasura. Babad Palihan Nagari nyêriyosakên pêmalihipun tanah Jawi dados kêraton kalih, ing Surakêrta akalihan ing Nyayogyakêrta.

Tuwan Anu: Kala mêmalihipun tanah Jawi, dados kêraton kêkalih, sintên ingkang jumênêng ratu wontên nêgari ing Surakêrta.

Parakawi: Ingkang jumênêng ratu Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping tiga, wondening ingkang jumênêng ratu wontên nêgari ing Nyayogya, Kangjêng Sultan Mangkubumi, kêprênah paman akalihan panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping tiga wau.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan dumugèkakên, saudara.

Parakawi: Inggih, sêrat Damarwulan nyêriyosakên Damarwulan dados ratu ing Maospait. Raja Kapa-kapa punika sêrat prêcekanipun para punggawaning ratu. Sêrat Baron Sakèndhèr nyêriyosakên lêlampahanipun Baron Sêkèndhèr jaman Mêtawis. Tajusalatin, Nawawi, punika sami sêrat wêwulang têpa palupi saking Ngarab. Surya Ngalam, Jugul Mudha, sami sêrat pêngadilan. Pêpali, Surti, Jayalêngkara, Nitipraja, Sewaka, Wulangrèh, Sanasunu, <367> Sèh Tekawardi, Hidayatullah, Sasana Prabu, Yudanagara punika sami sêrat wêwulang. sawêrnining sêrat suluk punika sami pralambang ngèlmi.

Tuwan Anu: Kula rumiyin mèngêti namaning sêrat kêkalih, èngêt kula sêtunggil nama Prabangkara, kalih Jaka Krèwèd. Punika punapa yêktos wontên.

Parakawi: Inggih wontên, punika sami anggitipun Carik Bajra, sami nyêriyosakên nêgari ing Maospait.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Parakawi: Inggih, Jayabaya punika prêlambangipun sêtunggil-sêtunggiling kêraton ing tanah Jawi. Sêrat Dasanama amrêtelakakên wujud sêtunggil ingkang anggadhahi nama sêdasa utawi beda-bedanipun ing nama wau.

Tuwan Anu: Bab sêrat Dasanama wau dèrèng têrang sumêrêp kula, mugi sampeyan têrangakên.

Parakawi: Mênggah ingkang kula aturakên wujud sêtunggil anggadhahi nama sêdasa wau, namung kadamêl bêbasan kemawon. Wontên ingkang kirang saking sêdasa, wontên ingkang langkung, kados ta dasanamaning rêmbulan, sasi, sitèngsu, sasôngka, côndra,

--- 193 ---

basônta, rati, sasadara, endung, prabanca, punika namung sanga, dasanamaning srêngenge, <368> arka, rawi, prabangkara, diwangkara, aruna, pratônggapati, suwônda agni, karaba, talaba, surya, raditya, punika suwêlas.

Tuwan Anu: Ingkang jangkêp sêdasa punapa botên wontên.

Parakawi: Wontên, kados ta dasanamaning èstri, taruni, dyawaela, marmadu, mantasa, wanudya, mandaniarsa, kintaka, èstri, kênya, wadu, punika jangkêp sêdasa. Dasanamaning gajah, liman, matêngga, èsthi, waniti, dirada, samaja, brajamuka, deraja, gathamuthu, hasti, punika jangkêp sêdasa.

Tuwan Anu: Mênggah wijang-wijanging nama wau kadospundi.

Parakawi: Mêkatên, kados ta namaning tulis, mênawi tumrap wontên ing wêsi, anama gurita, mênawi tumrap wontên ing êmas anama indu, mênawi tumrap wontên ing sela anama reka, mênawi tumrap wontên ing pêncatos anama wolat, mênawi tumrap wontên ing sêlaka anama wariwe.

Tuwan Anu: Sapunika sampun têrang sumêrêp kula, suwawi sampeyan lajêngakên.

Parakawi: Inggih, Carakabasa punika amrêtelakakên têgêsipun aksara kalih dasa, kados ta, Ha têgêsipun ngestokakên, Na têgêsipun <369> tuduh, Ca têgêsipun tingkah, salajêngipun ngantos dumugi Nga, katêgêsan sêdaya, mêkatên ugi ingkang dipun sandhangi. Sêrat Rêngganis nyêriyosakên kala Iman Suwôngsa rêmênan kalihan Dèwi Rêngganis. Sêrat Cênthini punika prêlambang ngèlmi. Sêrat Pranacitra nyêriyosakên bok Rara Mêndut boyongan saking Pathi. Sêrat Pawukon amrêtelakakên bêgja cilakanipun sêtunggil-tunggiling tiyang, ngetang saking dintên kêlairanipun. Sêrat Kancil punika dongèng sato khewan.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang rumiyin, saudara, mangke kadumugèkakên.

Parakawi: Inggih, etang kula namung kantun sêkêdhik.

Tuwan Anu: Inggih, suwawi sampeyan lajêngakên.

Parakawi: Inggih, sêrat Katuranggan amrêtelakakên awon saening pêthèk tuwin mathining kapal. SêrakSêrat. Khabar Kiyamat nyêriyosakên dintên kiyamat. Sêrat Ahmad Muhamad nyêriyosakên tanah Ngarab. Sêrat Bustam nyêriyosakên lampahing agami Islam. Sêrat Johar Sah anyêriyosakên lêlampahanipun Johar Sah. Sêrat Mursada, Bayan Budiman, punika sami sêrat wêwulang ngiras prêlambang agami. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Sêrat Panji Murtasmara akalihan sêrat Kudanarawôngsa dèrèng. [dè...]

--- 194 ---

[...rèng.]

Parakawi: Punapa inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Inggih, dèrèng. <370>

Parakawi: Sêrat Panji Murtasmara nyêriyosakên kala Panji anama Murtasmara krama putri ing Cêmara nama Dèwi Surèngrana. Sêrat Kudanarawôngsa nyêriyosakên Panji krama putri Ngurawan, Dèwi Côndra Kirana lajêng malih jalêr, anama Kudanarawôngsa. Sarèhning sampun dalu, saudara, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, sangêt trima kasih kula ing sampeyan, amaringi sumêrêp ingkang kathah-kathah wau dhatêng kula.

Parakawi: Pêngetang kula sêdaya wau nama rèmèh, mênawi wontên kêrsa sampeyan dangu bab sanèsipun, anggêr kula sumêrêp, saèstu andadosakên suka bingah kula.

Tuwan Anu: Kados têksih kathah, ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan.

Parakawi: Mênawi mêkatên, benjing-enjing kula sowan mriki malih.

Tuwan Anu: Inggih, sakêlangkung suka bingah kula.

74. over den leeftijd van de schrijvers der werken in het Kawi en Javaansch

Tuwan Anu: Sampeyan wau kula wêstani botên èstu rawuh, awit sampun <371> siyang.

Parakawi: Mila ngantos siyang, kula wau kêtamuan sêdhèrèk ing pasisir, kêprênah kêpenakan kula.

Tuwan Anu: Suwawi lênggah, saudara.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Anggèn kula pitakèn ing sampeyan, bab ingkang sami nganggit sêrat Kawi akalihan sêrat Jawi têksih kêkirangan.

Parakawi: Punapa ingkang badhe kadangokakên malih, anggêr kula sumêrêp saèstu andadosakên dhangan kula.

Tuwan Anu: Kula badhe sumêrêp jamanipun para êmpu ingkang sami nganggit sêrat Kawi, punapa sampeyan sumêrêp.

Parakawi: Sumêrêp.

--- 195 ---

Tuwan Anu: Punika mugi sampeyan prêtelakakên, badhe lajêng kula sêrati.

Parakawi: Inggih sumôngga, kula wiwiti saking Êmpu Puywa, punika jaman nêgari ing Mêmênang, inggih punika ing Kêdhiri panjênênganipun Prabu Gêndrayana. Êmpu Widayaka utawi Prabu Widayaka inggih punika Ajisaka, jaman nêgari ing <372> Mêdhangkamulan ingkang kaping 2. Êmpu Yogiswara, punika anakipun Êmpu Puywa wau, inggih jaman nêgari ing Mêmênang, ananging kala panjênênganipun Prabu Jayabaya. Êmpu Monaguna, Êmpu Panuluh, Êmpu Tanirat, Êmpu Jôngga, Êmpu Salukat, Êmpu Karmajaya, Êmpu Garunting, Êmpu Tapawangkêng, Êmpu Mayangga, Êmpu Grata, Êmpu Bodhaguna, Êmpu Parapah, Êmpu Kanwa, Êmpu Kalangon, Êmpu Sêdhah, Êmpu Wijatmaka, punika sêdaya sami jaman nêgari ing Mêmênang, kala panjênênganipun Prabu Jayabaya, wondening Bathara Pênyarikan, punika ing jaman nêgari Mêdhangkamulan kina, kala panjênênganipun Nata Sang Hyang Wisnu.

Tuwan Anu: Ingkang nama Ajisaka wau, punapa inggih punika ingkang kacriyos anyêngkalani sawêrnining rêdi.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Têksih kêlangkungan sêtunggil, saudara, Ajar Artandriya dèrèng sampeyan prêtelakakên.

Parakawi: Ajar Artandriya punika kala jaman nêgari ing Wiratha, panjênênganipun Nata Prabu Basukeswara.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, sampun kêtanggêlan, kula mugi kasumêrêpna jamanipun ing nêgari ingkang sami nganggit sêrat Jawi.

Parakawi: Inggih sumôngga, Sultan Dêmak punika sultan ing nêgari Dêmak ingkang kapisan. Kyai Agêng Sêsela jaman nêgari ing Dêmak. Pangeran <373> Karanggayam punika pujôngga ing Pajang. Kyai Panjangjiwa, Pangeran Pêkik ing Surapringga, punika sami jaman nêgari ing Mêtawis. Kangjêng Sultan Agung punika ingkang jumênêng nata ing Mêtawis. Kyai Sutrapana, Carik Bajra, sami jaman nêgari ing Kêrtasura. Ngabèi Yasadipura kapisan, Ngabèi Yasadipura kaping 2, Adipati Pangeran ing Sêmawis, Ngabèi Sastrawijaya, Adipati Sêmawis, Panêmbahan Madura, Ngabèi Kêrtadiwirya, Mas Rônggawikrama, Mas Rônggawarsita, Ngabèi Yudasara, Kyai Rôngga Sutrasna, punika sami jaman nêgari ing Surakêrta.

Tuwan Anu: Pangeran Adilangu dèrèng kasêbut, saudara.

Parakawi: Ingkang nama Pangeran Adilangu punika kêkalih, sêtunggil kala ing jaman nêgari Mêtawis, kalih kala ing jaman nêgari Kêrtasura, inggih punika ingkang nganggit [ngang...]

--- 196 ---

[...git] sêrat Babad Mêtawis. Punapa sampun botên wontên ingkang kêlangkungan, saudara.

Tuwan Anu: Botên. Suwawi ngunjuk teh, saudara.

Parakawi: Inggih. Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana mundur, badhe lajêng dhatêng ing Kawirêjan, wontên damêlipun prêlu.

Tuwan Anu: Inggih.

75. samenspraak van een heer met een Radèn Ngabèï, onder anderen ook over het lezen van het Kawi, en verklaring van een paar coupletten uit de Bråtå-joedå-Kawi

Radèn Ngabèi Widayaka: Sampun kaping tiga punika anggèn kula sowan ing sampeyan, <374> sawêg punika pinanggih wontên ing dalêm.

Tuwan Anu: Sawêg punapa anggèn sampeyan pinarak mriki.

Widayaka: Kala winginipun, kalih kala wingi sontên.

Tuwan Anu: Kala winginipun kula kesah anjaring pêksi dhatêng Kêleca, kala wingi kula dipun aturi nêdha dhatêng Tuwan Yosèp. Nanging kula botên sumêrêp pisan-pisan mênawi sampeyan pinarak mriki, awit rencang kula botên wontên ingkang sanjang.

Widayaka: Sowan kula ing sampeyan inggih botên wontên prêlunipun, namung saking lami botên pinanggih.

Tuwan Anu: Suwawi sami lênggah ing jawi, saudara, wontên isisipun sêkêdhik, ing ngriki gêrah sangêt.

Widayaka: Sumôngga.

Tuwan Anu: Sidin.

Sidin: Kula.

Tuwan Anu: Ngèmpèr ing jaba kana dokokana kursi loro lan kênap cilik <375> siji, kowe nuli anggodhoga wedang yèn uwis, ladèkna mênyang jaba.

Sidin: Inggih.

Widayaka: Anggèn sampeyan ngêrsakakên anjaring pêksi punika napa angsal kathah.

Tuwan Anu: Botên patos kathah, angsal pêksi pêrkutut tiga wêlas, dêrkuku gangsal, putêr tiga.

Widayaka: Yèn sampuna têbih sampeyan kula aturi anjaring dhatêng lênggah kula siti dhusun ing Plasajênar, kathahipun pêksi anglangkungi.

--- 197 ---

Tuwan Anu: Têbihipun lampahan pintên êjam.

Widayaka: Kirang langkunga botên kathah, lampahan sêbêdhug.

Tuwan Anu: Têbih sangêt, dados botên sagêd tulak.

Widayaka: Inggih, kêjawi wontêna kêrsa sampeyan nyare sêdalu, mangkat Sêptu, kondur Ngahad sontên.

Tuwan Anu: Mênawi sampeyan tumut, kula inggih purun anjaring mrika.

Widayaka: Sampun saèstu kula andhèrèk.

Tuwan Anu: Mêrginipun punapa kenging kaambah ing kapal.

Widayaka: Kenging. <376>

Tuwan Anu: Manawi mêkatên, priyogi sami numpak kapal, angkatipun kaenjingan, kaangkah sagêda dumugi êjam sêdasa.

Widayaka: Inggih, mênawi mangkat jam sêkawan enjing, jam sêdasa inggih dumugi, benjing punapa kêrsa sampeyan tindak.

Tuwan Anu: Mênawi botên wontên pambênganipun sêrta sampeyan dhangan, ing dintên Sêptu ngajêng punika.

Widayaka: Kula sumôngga kemawon. Punika dintênipun Rêbo, benjing-enjing kula utusan dhatêng dhusun, dhawah dhatêng bêkêl, mênawi panjênêngan sampeyan badhe têdhak.

Tuwan Anu: Inggih. Olèhmu anggodhog wedang apa durung uwis.

Sidin: Sampun. Nanging gêndhisipun têlas, kula sawêg kengkenan tumbas dhatêng Pêcinan.

Widayaka: Kula dipun wêrtosi dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawirêja, mênawi sampeyan ing sapunika ngêrsakakên sinau Kawi.

Tuwan Anu: Inggih.

Widayaka: Kêrsa sampeyan mêkatên punika priyogi sangêt, awit pêmanah kula prêlu mênawi sampeyan sumêrêp ing Kawi.

Tuwan Anu: Angsal kula kêpingin badhe sumêrêp ing Kawi sampun lami, ananging dèrèng pikantuk guru ingkang priyogi, ingkang sagêd nêrangakên têgêsipun sêtunggiling <377> têmbung, sagêd-sagêd têrang, sarêng kula puruhita dhatêng Radèn Ngabèi Gunawan.

Widayaka: Kula sampun pitados sangêt, sampeyan mundhut wulang dhatêng Radèn Ngabèi Gunawan. Awit priyantun sêtunggil punika utawi Radèn Ngabèi Kawirêja kenging dipun basakakên pênungguling para pujôngga.

Tuwan Anu: Botên sampeyan piyambak ingkang mêstani mêkatên. Mèh anggêr tiyang, ingkang sami sumêrêp dhatêng priyantun kêkalih punika, amêstani mênawi sampun [sampu...]

--- 198 ---

[...n] botên kêkirangan sumêrêpipun dhatêng têmbung Kawi.

Widayaka: Ingkang sampeyan damêl wiwitan sinau sêrat punapa.

Tuwan Anu: Sêrat Bratayuda Kawi.

Widayaka: Punapa sampun kathah sumêrêp sampeyan.

Tuwan Anu: Etangipun kula punika sawêg wiwit, kenging dipun wêstani dèrèng sumêrêp punapa-punapa dhatêng ing Kawi.

Widayaka: Sampun pintên laminipun anggèn sampeyan ngêrsakakên sinau Kawi.

Tuwan Anu: Sawêg sêwulan punika, sêrta Radèn Ngabèi Gunawan sawêg kaping tiga angsalipun mriki, amêrgi saking kapambêngan ing pêdamêlan. Ingkang sampun kula waos sêrta sampun katêgêsan sawêg gangsal pada wiwitan.

Widayaka: Têksih enggal sangêt, mênggah ngungêlakên sêrat Kawi sampeyan <378> punapa sampun sagêd rikat.

Tuwan Anu: Dèrèng, ungêling têmbungipun kathah ingkang angèl, botên kados têmbung Jawi.

Widayaka: O inggih, aliya saking angèlipun ing ungêl, kados ta aksara dipun pengkal mawi dipun cakra, tiyang ingkang dèrèng sagêd Kawi kathah ingkang kodhêng dening sastra lampah. Mênawi dhangan ing kêrsa, kula badhe mirêng sêkêdhik anggèn sampeyan ngungêlakên sêrat Kawi.

Tuwan Anu: Kula dèrèng patos sagêd ngungêlakên, saudara, saking têksih kathah kêkirangan kula dhatêng Kawi, aksaranipun asring kacorak-kacaruk dhatêng têmbung ing ngajêng utawi ing wingking, bokmênawi sampeyan gêgujêng.

Widayaka: Punika botên pisan têka kula anggêgujênga sampeyan. Pundi ingkang botên lêrês, amêsthi kula lêrêsakên. Kalih dening malih tiyang sinau sêtunggiling basa, priyogi sampun mawi isin micantênakên utawi ngungêlakên. Mindhak botên enggal sagêd.

Tuwan Anu: Kêsinggihan pêngandika sampeyan punika.

Widayaka: Suwawi sêpada punika sampeyan ungêlakên.

Tuwan Anu: Inggih, nahan don yampusê, pah makirtya saka, laring sanga kuda, suddha candhrama / yogwan manggalani, mikêt prangirapa ndhawa makalaga, kurawswara <379> / ndan dwaran kawasa, aalip kadisê, rêh pamahanira, pususwah gupang / manggêh tan sdhapa, nyariwajatuhun, malarênamangu, nangrêsingati /.

Widayaka: Pêngraos kula sampun cêtha anggèn sampeyan ngungêlakên. Namung tigang pada lingsa, ingkang aksaranipun kacorak-kacaruk dhatêng ngajêng tuwin dhatêng ing wingking.

--- 199 ---

Tuwan Anu: Ingkang pundi, saudara.

Widayaka: Ingkang kacaruk dhatêng ing wingking punika, ndan dwaran kawasa, aalip kade sêrêh. Aksara Ha ingkang sêtunggil punika tumut dhatêng Sa ing ngajêngipun, dados mungêl kawasaa. Ingkang kacaruk dhatêng ngajêng punika, wiwit saking rêh, aksara Ra ingkang dipun pada lingsani punika tumut dhatêng pu, saupami dedea sastra lampah, panyêratipun mêkatên: pamahanirapu, utawi mêkatên: pamaha nir apu. Aksara Na ingkang dipun pengkal punika tumut dhatêng Pa ngajêngipun, dados mêkatên: manggêh tansdhapanya, saupami dedea sastra lampah, panyêratipun mêkatên: manggêh tan sdhapannya.

Tuwan Anu: Kadospundi têgêsipun sêpada punika.

Widayaka: Têgêsipun sigêg ing tingkah anggènipun adamêl sêngkala Êmpu Sêdhah ing taun 1079, nalikanipun wiwit nganggit pêrangipun Pandhawa, <380> dadosipun pêrang akalihan ratuning Kurawa, mokhal sagêda, upami kados Sêdhah, dipun mamah tanpa apu: wohan gambir, dene botên wontên miraosipun ing untu, saèstu malah ing mangke adamêl ngêrêsing manah.

Tuwan Anu: Anggèn sampeyan nêgêsi wiwit saking mokhal sagêda saurutipun kula botên patos sumêrêp kajêngipun. Ingkang mêstani mokhal sagêda punika sintên.

Widayaka: Wiwit saking mokhal sagêda punika wicantênipun Êmpu Sêdhah, têrangipun mêkatên: mokhal yèn kula sagêda nganggit sêrat Bratayuda, panganggit kula upami kados tiyang nginang amung sêdhah kemawon tanpa apu, tanpa wohan tanpa gambir, saèstunipun sêpa, botên wontên sêdhêpipun ing untu, amêsthi malah adamêl ngêrêsing manah.

Tuwan Anu: Sapunika sampun têrang sumêrêp kula.

Widayaka: Suwawi sêpada punika sampeyan ungêlakên, awit gampil. Kados botên kacorak-kacaruk malih, kados ingkang sampun wau.

Tuwan Anu: Inggih, mèh rahina smubang, hyang aruna kadine, traning ôngga rapuh / sabdaning kokila ring, kanigara saktêr, ning kidung ningakung / lwir wuwusing winipa, nca paptaking ngaya, mwaneh ning pagakan / mrak anguwuh bramara, ngrabasa kusumaring, para aswanarum /. <381>

Widayaka: Sampun lêrês anggèn sampeyan ngungêlakên.

Tuwan Anu: Sapunika mugi sampeyan têgêsi.

Widayaka: Inggih, têgêsipun sêpada punika mêkatên: ngajêngakên rahintên, srêngenge sêmu abrit, kados mêripatipun tiyang sakit. Ungêling pêksi, ingkang mencok ing uwit kanigara, kados pangrêngênging kidungipun tiyang kasmaran.

--- 200 ---

Pêpêtoking ayam ingkang suwênèh wontên ing pêragak, kados pêsambating èstri tinunggil tilêm. Mêrak mungêl. Kombang angisêpi sêkursêkar. wontên ing sawêrninipun panggenan sêkar. Manggih panggenan sêkar wau, inggih punika pêtamanan.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan kêrsa mitulungi kula, amurih enggal kula sagêd têmbung Kawi.

Widayaka: Kula sumôngga kemawon. Ananging sarèhning sampeyan sampun mundhut wulang dhatêng Radèn Ngabèi Gunawan, sumêlang kula, mênawi andadosakên manahipun.

Tuwan Anu: Kados botên. Malah kalanipun kula taros mulang dhatêng kula, adêrbe pêmriyogi, kula kapurih mêndhêta guru sêtunggil êngkas. Awit Radèn Ngabèi Gunawan botên têrtêmtu sabên dintên dhangan, sagêd dhatêng ing griya kula.

Widayaka: Sukur mênawi mêkatên.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan dèrèng têpang sae akalihan Radèn Ngabèi Gunawan.

Widayaka: Sampun têpang sae alit mila, sêrta punika akalihan kula kêprênah sêdhèrèk nak-sanak. Nanging awunipun sêpuh kula.

Tuwan Anu: Kula sawêg sumêrêp sapunika, mênawi sampeyan kaprênah sêdhèrèk <382> nak-sanak kalihan Radèn Ngabèi Gunawan.

Widayaka: Inggih. Sarèhning sampun dalu, kula mugi sampeyan lilani mundur, benjing-enjing kula sowan mriki malih.

Tuwan Anu: Inggih, kula bingah sangêt, mênawi sampeyan kêrêp pinarak dhatêng griya kula.

Widayaka: Mênawi sampeyan kêrsakakên, sabên dintên kula sagêd sowan mriki, aliya saking dintên Isnèn akalihan Kêmis, utawi kêpambêngan ing sukêr sakit.

Tuwan Anu: Sakêlangkung andadosakên suka bingahing manah kula, sampeyan sagêd pinarak mriki sabên dintên.