Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 049-099)

Katalog:Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751
Sambung:
1.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 001-048). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #815.
2.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 049-099). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #816.
3.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 100-161). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #817.
4.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 162-200). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #818.

--- 49 ---

32. samenspraak van twee Bakoel's in Madyå

Biyang Sênèn: Bok ayu dika wau napa botên kêpapag anak kula Si Jêbrag.

Biyang Tumpak: Ênggih kêpapag ontên sakidule kêrêtêg ing Sêcayudan. Barêngane wong lanang siji, nanging kula dèrèng wanuh. Napaa ta dika takon. <96>

Biyang Sênèn: Esuk wau kula kongkon ngulihake kêmpitan kula suwêng, duwèke Mas Ajêng Citra, môngka saniki êmpun bêdhug dèrèng mulih.

Biyang Tumpak: Kula wau ênggih saka ing ngrika, ajêng ngulihake ali-ali mirah, Mas Ajênge botên ontên ngomah, duga kula mawon anak dika ngêntèni saulihe.

Biyang Sênèn: Sukur yèn mêkotên. Kula niki satêmêne mêlang-mêlang, awit ing môngsa niki okèh sêbrotan, begalan, apus-apusan. Mulane wau kula kanthèni pamanane.

Biyang Tumpak: Inggih, ing môngsa niki okèh bakul kêtiwasan dibegal utawa disêbrot gêgawane, napa malih dikêcubung, tuwin diapusi, mulane kula yèn dodol botên wani lunga adoh-adoh.

Biyang Sênèn: Kula ênggih mêkotên. Wiwit dhèk Biyang Sêmprong disêmbêlèh ontên ing Jèbrès, kula botên wani lunga adoh-adoh, kêmpitan kula barang okèh, ênggih yèn sing ambegal marêm ngêpèki gawan kula mawon, yèn nganggo matèni pripun. Ilanging barang kêna ditêmpuhi, balik ilange umur kula sing bisa nglironi sintên.

Biyang Tumpak: Kula niki rak giris bok ayu, yèn ngrungu kandhaning wong bab begalan lan bakul dipèki gêgawane mêrga dikêcubung. <97>

Biyang Sênèn: Kula ênggih êmpun kêrêp ngrungu bab wong dilêboni kêcubung, nanging dèrèng dhamang pripun rekane dene nganti kêna dikêcubung.

Biyang Tumpak: Woh kêcubung niku digawe bubuk. Samôngsa ontên bakul êmas-êmasan têka, sing duwe omah nyuguh wedang sêrta panganan. Wedang utawa panganan niku dimori bubuk kêcubung wau, diombe utawa dipangan botên kêrasa, botên antara suwe sing dilêboni wau banjur mêndêm, êmpun prêsasat wong edan, dipèki dandanane botên wêruh, saêmpune dipèki gêgawane sêrta dipêlècèti, adat banjur dipênthungi utawa disêmbêlèh, jisime disingkirake [dising...]

--- 50 ---

[...kirake] adoh, mulane kula yèn dodol têng ngomahe wong kang kula dèrèng wanuh, botên ajêng ngombe utawa mangan pêsuguhe.

Biyang Sênèn: Tobat-tobat, dene têka ontên laku kaya mêkotên niku, wong êmpun dipèki gawane sêrta dipêlècèti têka dipatèni.

Biyang Tumpak: Mulane dipatèni, supaya êmpun kêna dititik.

Biyang Sênèn: Wong duwe pênggawe mêkotên niku dosa pindho, kang sêpisan dosa ngapusi, kapindho dosa matèni.

Biyang Tumpak: Inggih mêkotên. Dika kula kandhani, kula sêpisan mèh kêtiwasan. Tujune ontên pitulunging Allah, kula ngêmpit barange <98> Babah Kênang, rupa suwêng intên bèjèn têlung rakit, kula wadhahi bèsèk, barêng kula lumaku mulih, têkan saloring Kêtipès wayahe asar, ontên wong têlu padha kathokan mawon. Kula saka ing êlor, niku saka ing kidul, dadi papag-papagan. Têlu pisan êmpun kêlirak-kêlirik kula mawon sing diingêtake, ati kula êmpun ilang, botên suwe Mas Ngabèi Wôngsanaya liwat, banjur kula nunuti, yèn êmpuna mêkotên, mêsthi kula nêmu bilai.

Biyang Sênèn: Inggih, tujune Mas Ngabèi Wôngsanaya liwat. Niku kang dadi dalan pitulunging Allah.

Biyang Tumpak: Sing dika kêmpit niku duwèke sintên.

Biyang Sênèn: Duwèke wong têlu, kang rupa suwêng duwèke Mas Ajêng Kêrna, kang rupa ali-ali duwèke Babah Loli, kang rupa bênik duwèke Êncik Ponah.

Biyang Tumpak: Kula dêlênge suwênge.

Biyang Sênèn: Dawêg.

Biyang Tumpak: Suwêng rong rakit niki dirêgani pintên.

Biyang Sênèn: Sing dhapur grompol niku dirêgani satus sêwidak rupiyah putih, sing dhapur urang ayu rongatus.

Biyang Tumpak: Kokehan olèhe ngrêgani, môngsa payua dika <99> tawakake sêmontên. Murwatan kula sing dhapur grompol niki 80 rupiyah, sing dhapur urangayu 120, awit intêne okèh sing cacad.

Biyang Sênèn: Murwatan kula ênggih mung sêmontên. Nanging êmpun dipancêd têng sing duwe, yèn botên payu sêmontên inggih êmpun.

Biyang Tumpak: Mungguh barang sing dika kêmpit niku yèn sore dika ulihake têng sing duwe napa dika inêpake ing omah dika.

--- 51 ---

Biyang Sênèn: Kula ulihake têng kang duwe, botên tau kula inêpake, awit wong omah ing kêjawan niku okèh mutawatire bab gêni, kècu utawa maling, yèn nganti kêtiwasan sing kula gawe têmpuh napa.

Biyang Tumpak: Dika napa êmpun payon.

Biyang Sênèn: Têlung dina niki kula botên payon-payon, suwêng urangayu niki wau diênyang 100 rupiyah ngrolas uwang têng Mas Ajêng Sêrsa, kula tutur, yèn êmpun dipancêd têng kang duwe, botên kêna kurang saka ing rêga rongatus rupiyah gêlindhing.

Biyang Tumpak: Botên payu, bok ayu, yèn sêmontên. Angur dika ulihake mawon têng sing duwe.

Biyang Sênèn: Karêp kula ênggih mêkotên.

Biyang Tumpak: Lah nika anak dika Si Jêbrag têka. <100>

Biyang Sênèn: Kêpriye êbèng, olèhmu dak kongkon ngulihake suwêng, dene nganti suwe.

Jêbrag: Sampun dipun tampèni dhatêng Mas Ajêng Citra piyambak. Milanipun kula ngantos dangu, mas ajênge botên wontên ing griya, dados kula antosi.

Biyang Sênèn: Sukur ênggèr, mas ajênge apa ora mêmêkas.

Jêbrag: Inggih êmbok. Sampeyan benjing-enjing dipun wêlingakên mrika, ambêktaa sêngkang dhapur grompol ingkang sampun kaawis rumiyin.

Biyang Sênèn: Dawêg bok ayu, padha mulih.

Biyang Tumpak: Dawêg.

33. samenspraak van een Pangeran met een Bêlantik, in Ngoko en Kråmå

Pangeran: Lho, dene iku kowe Kêrtawijaya, têka jêbul dadi bêlantik. Kowe rak pêmbarêpe Si Ngabèi Wôngsawijaya.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, inggih bêndara, milanipun kula anglampahi dados bêlantik, amêrgi saking tiwas kula, botên sagêd ngupajiwa sanèsipun.

Pangeran: Sabab dening apa kowe ora anggêntèni lêlakone bapakmu, <101> awit kowe anake pêmbarêp kang duwe wajib anggêntèni kêpriyayèning bapa, yèn bapa iku ora dosa ing nêgara.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, kêrsanipun pêrentah abdi dalêm sêdhèrèk kula ênèm ingkang kagêntosakên dhatêng lêlampahanipun abdi dalêm pun bapa, amêrgi ngajalipun abdi dalêm pun bapa atilar sambutan kathah dhatêng Wêlandi sêrta dhatêng

--- 52 ---

Cina, punapa malih dhatêng sami Jawi, kula botên kêdugi anyauri, sêdhèrèk kula ênèm ingkang kêdugi, mila punika ingkang kagêntosakên dhatêng lêlampahanipun abdi dalêm pun bapa.

Pangeran: Sênajan mêngkonoa, bok kowe aja dadi bêlantik. Ngèngèr sêdulurmu ênom apa ora luwih priyoga, bokmênawa iku bisa mapanake awakmu, anggêre têpungmu bêcik.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, mênawi badan kula piyambak, kados botên èwêd angèngèr sêdhèrèk. Ananging anukanak. kula kathah, kados kawratan yèn dadosa damêlipun ing sêdhèrèk sêdaya, amêrgi sêdhèrèk kula botên sugih, mila ing sasagêd-sagêd kula upadosakên têdha piyambak.

Pangeran: Anakmu pira.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, anak kula sêdaya nêmbêlas, ingkang gêsang namung kantun kalih wêlas, sami èstri sêdaya.

Pangeran: Ombol têmên wong duwe anak nganti rolas, môngka wadon kabèh, <102> bocah sêmono kèhe iku biyunge pira, lan apa durung ana kang mêntas.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, biyungipun namung sêtunggil sêrta dèrèng wontên ingkang mêntas.

Pangeran: Mulane aku ngundang bêlantik, aku golèk jaran rakitan kreta papat, kang irêng pancal panggung, saprene durung olèh, iku bokmênawa kowe bisa anggolèkake.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, wontên angèlipun angupados kapal rakitan ingkang kados kêrsa dalêm punika, ewadèntên kula inggih sêndika anglampahi kêrsa dalêm.

Pangeran: Iya dhasar angèl. Ing Katangan ana wong duwe loro, dhuwur lan dhapure padha, nanging sing siji wis bangêt tuwane, sing siji lagi rampas. Dadi sing lagi rampas iku dak sêngkêr, bakal dak golèkake gênêpe papat, jênênge sing duwe Si Nayawindu, karêpku jaran iku dêlêngên supaya kowe bisa angupayakake gênêpe, aja nganti gèsèh bangêt mungguhing dhapur, rupa, dhuwur lan umure.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, inggih sêndika, kula inggih sampun têpang dhatêng abdi dalêm pun Nayawindu, kalanipun têksih lumampah ing damêl anama Mas Ngabèi Dutapralabda.

Pangeran: Maune dadi priyayi apa.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, dados abdi dalêm pênèwu gandhèk. <103>

--- 53 ---

Pangeran: Sabab dening apa mari dadi priyayi, sêrta ngalih jênêng Nayawindu.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, anggènipun kaundur amêrgi saking purun-purun angaturakên prêkawis, konjuk ing sampeyan dalêm, botên mêdal saking lêlurah bêbêkêlipun. Wondening ênggènipun ngalih nama wau, duka dalêm sababipun.

Pangeran: Lah apa dhèwèke ora sumurup yèn wong ora kêna ngaturake prêkara konjuk ing sampeyan dalêm, yèn ora mêtu saka ing lêlurah bêbêkêle.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, kados inggih sumêrêp. Nanging bokmênawi lurah bêbêkêlipun amakèwêd, mila ngantos mêdal tekadipun purun anêrak anggêring nêgari, pêngraosipun môngsa amanggiha kalêpatan, amêrgi saking dipun pêkèwêd wau.

Pangeran: Besuk apa olèhmu bakal mênyang ing Katangan andêlêng jarane Si Nayawindu.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, mênawi sampun têrang timbalan dalêm, ing sapunika kula lajêng kemawon.

Pangeran: Lah iya, samôngsa wus kodêlêng, banjur prêlokna karêpku iku mau.

Kêrtawijaya: Kula nuwun, inggih sêndika, kula nyuwun lilah dalêm badhe mundur.

Pangeran: Iya.

34. samenspraak van een landheer met een Dêmang, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: Dêmang, wong desamu saiki têka akèh sing padha bubar, ngalih omah mênyang desa liyane, iku sabab dening apa.

Dêmang Brajadênta: Sababipun bibar punika rumiyin sampun kula pratelakakên ing sampeyan. Botên liya namung saking kawratan ing damêl, ingkang sêpisan anggarap radinan, kaping kalih dhangir sêrta macul ing pêkopèn, kaping tiga anggarap pêdamêlan wontên ing panggilingan gêndhis. Dados mèh botên kobêr sêsabin, môngka tiyang alit punika ingkang dipun prêlokakên namung sêsabin, awit punika ingkang dados panggêsanganipun.

Tuwan Anu: Anggarap pêgawean ana ing pêkopèn utawa ana ing panggilingan, apa ora nganggo dibayar.

Brajadênta: Inggih lêrês tuwan mawi dipun bayar, ananging pênggarapipun ing pêdamêlan [pêda...]

--- 54 ---

[...mêlan] rêkaos sangêt. Tiyang alit mêkatên, sênajan sêkêdhika pikantukipun, anggêr cêkap katêdha, eca manahipun sêrta sêkeca badanipun amêsthi têtêp <105> anggènipun agêgriya.

Tuwan Anu: Pêngrasaku rêkasa wong sêsawah kambi wong garap pêgawean ana ing pêkopèn utawa ana ing panggilingan.

Brajadênta: Kêsinggihan pêngandika sampeyan. Ananging sênajan rêkaosa, mêdal saking purunipun piyambak sêrta sampun dados garapan tuwin pêngupajiwanipun turun-tumurun. Mênggah anggarap pêdamêlan radinan tuwin wontên ing pêkopèn, punapa malih wontên ing panggilingan, tumindakipun ragi kapêksa, sabab pancèn dede garapanipun, kalihdening malih tiyang Jawi botên sagêd anglampahi kados bôngsa sampeyan Wêlandi, watonipun kêsèt sêrta kathah sêmbrananipun, botên kenging kapêrdi ing pêdamêlan kados Wêlandi, mila mênawi botên agêng maklum sampeyan, botên wande bibar sêdaya.

Tuwan Anu: Itungmu sing uwis padha lunga saka ing desa, kèhe pira kabèhe.

Brajadênta: Wiwit ing wulan Sura dumugi ing wulan Rabingulakir punika, dados salêbêtipun tigang wulan, etang kula ingkang sami kesah cacah sirah tiyang wolung dasa gangsal.

Tuwan Anu: Pawêrtane padha ngalih mênyang desa ing êndi.

Brajadênta: Pêngalihipun parênca, nanging kathah ingkang sami dhatêng tanah ing Sukawati.

Tuwan Anu: Saiki kêpriye rêmbugmu dêmang, aku manut sapratikêlmu, murih <106> gêlême mulih wong kang padha lunga iku.

Brajadênta: Inggih, kêjawi kacoba dipun ipuk, ananging kêdah sarèh sêrta kêdah kula sagahi, kaènthèngakên pêdamêlanipun. Mênawi botên kula jangjèni mêkatên, amêsthi botên purun mantuk.

Tuwan Anu: Iya dêmang, sakarêpmu aku miturut. Nanging prêlokna dhisik goleka uwong, kang ngrêmbang têbu lan ngusung pisan mênyang panggilingan dadi ya nyêngka bayarane, têmpuhên, awit aku sumêlang yèn têbune kêsêlak gabêng.

Brajadênta: Inggih tuwan, dhawah sampeyan punika badhe kula lampahi tumuntên. Sowan kula punika badhe prêtela ing sampeyan. Kêsêlak sampeyan dangu bab bibaripun tiyang alit. Kagungan sampeyan bêlo ingkang sampeyan titipakên dhatêng kula kala wau dalu pêjah.

Tuwan Anu: Lho, dene wingi esuk isih bêcak-bêcik, malah wis dak golèkake panêgar tak kon ambakali, apa kang dadi sababing patine.

--- 55 ---

Brajadênta: Duka sampeyan tuwan. Sawêg prêtelanipun abdi sampeyan gamêl, wau dalu botên purun nêdha, sêrta botên sagêd nguyuh. <107>

Tuwan Anu: Ya gene ora ana tuture mênyang aku.

Brajadênta: Wiwitipun sumêrêp yèn sakit, bêdhug dalu, sampeyan sampun sare, kula ajrih mungu.

Tuwan Anu: Gêtun bangêt aku dêmang, awit bêlo iku pêthèke bêcik, besuk manèh yèn ana apa-apa wayah bêngi, môngka aku wis turu, kowe aja wêdi anggugah.

Brajadênta: Inggih tuwan. Anggêr sampun sampeyan wênangakên kula saèstu anglampahi.

Tuwan Anu: Lan manèh dêmang, yèn wis rampung gawemu, aku golèkna wong siji kang bêcik tulisane, bakal dak gawe carik ngiras mulang Jawa marang anakku Si Yakob.

Brajadênta: Abdi sampeyan carik pun Sêstranaya punapa botên sampun priyogi sêratanipun tuwin anyêkapi kêsagêdanipun.

Tuwan Anu: Iya wis nyukupi, nanging bakal dak marèni, awit salawase rabi têlèdhèk dhèwèke madati, kêsèd sêrta sêmbranane bangêt, agawe muring-muringku sabên dina.

Brajadênta: Kula sawêg mirêng sapunika, yèn pun Sêstranaya madati, kalanipun ngabdi ing sampeyan enggal-enggalan anêtêpi salampah-lampahing santri, dados punika ewonipun tiyang nguyang sakit anggenjah pêjah. <108>

Tuwan Anu: Apa têgêse nguyang lara anggenjah pati.

Brajadênta: Têgêsipun nguyang sakit, tumbas sakit, anggenjah pêjah, ngenggalakên pêjah, punika kêdamêl ngibarat tiyang nêmaha dhatêng ing kêcilakan utawi dhatêng ing kêrisakan.

Tuwan Anu: Iya mêngkono. Olèhe madati iku durung lawas, kiraku saprene lagi ana têlung sasi, mulane manungsa iku ora kêna dipêsthèkake ajêge ing kêlakuane, wong ala bisa dadi bêcik, wong bêcik bisa dadi ala.

Brajadênta: Kasinggihan pêngandika sampeyan punika, sêdhèrèk kula pun Wirawôngsa, ingkang asring sampeyan utus tumbas inuman dhatêng Sêmawis kala rumiyin madati, malah sampun nate nglampahi ambêbegal, ing sapunika dados santri, malah botên nate kesah-kesah, andhuwêl wontên ing griya kemawon sêrta botên rêmên dhatêng sawêrnining kabingahan. Kula mangsuli kêrsa sampeyan bab carik wau, kula gadhah kêwanuhan ing carikan, sêratanipun priyogi, [pri...]

--- 56 ---

[...yogi,] nanging sampun ragi sêpuh, mênawi sampeyan kêrsa, sêrta tiyangipun purun, punika kemawon kula saosakên.

Tuwan Anu: Sênajan wis rada tuwa, anggêre ora kêsèd lan ora lêlaranên tuwin ora madati, aku arêp. Sêmono iku dak coba dhisik <109> condhong lan orane karo kêkarêpanaku.

Brajadênta: Inggih sampun têmtu mêkatên, sasumêrêp kula botên madati, manahipun burus. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani mundur.

Tuwan Anu: Iya, dêmang.

35. samenspraak van een heer met een Radèn Ngabêï in Kråmå, over het leeren van het Javaansch en de keenis van het Kawi bij de Javanen

Tuwan Anu: Sampeyan punapa têksih wilujêng, saudara.

Radèn Ngabèi Gunawan: Inggih wilujêng saudara.

Tuwan Anu: Kula wau sampun badhe dhatêng ing dalêm sampeyan kêpambêngan wontên tamu, sêdhèrèk kula jalêr ingkang wontên ing Sêmawis sakit, tirah mriki, dhatêngipun sawêg wau kemawon, kula pondhokakên wontên ing lotèng.

Gunawan: Sêdhèrèk sampeyan wontên ing Sêmawis nyêpêng pêdamêlan punapa.

Tuwan Anu: Botên nyêpêng pêdamêlan, namung nyudagar kemawon.

Gunawan: Ingkang dipun gêrahakên punapa.

Tuwan Anu: Panastis. Nanging sampun lami sêrta sakitipun angot-angotan, <110> yèn mantun botên ngantos sêdasa dalu utawi sêtêngah wulan lajêng sakit malih ngantos wulanan, mila tirah mêriki, bokmênawi sagêd mantun babar pisan. Suwawi sami lênggah saudara.

Gunawan: Sumôngga. Kêrsa sampeyan badhe pinarak dhatêng griya kula, punapa wontên prêlunipun.

Tuwan Anu: Ing atasipun kula inggih kêlêbêt prêlu.

Gunawan: Badhe wontên kêrsa sampeyan punapa.

Tuwan Anu: Yêktosipun kula punika badhe anggêguru têmbung Jawi akalihan Kawi dhatêng sampeyan, anggèn kula sinau Jawi sampun lami, nanging têksih kathah ingkang dèrèng kula sumêrêpi, yèn kula damêl sêrat, pangraos kula sampun sae, sarêng kula têdahakên dhatêng tiyang Jawi, awis ingkang sumêrêp kajêngipun. Dados kula anggadhahi pêmanah yèn dèrèng lêrês utawi têksih pêtêng,

--- 57 ---

saking kuwangsal-kuwangsulipun ing ukara, utawi saking botên lêrêsipun anggèn kula mijang- mijang êtraping têmbung, amêrgi saking kirang sumêrêp kula dhatêng beda-bedaning têmbung sêtunggil-sêtunggil.

Gunawan: Pêngraos kula sumêrêp sampeyan dhatêng têmbung Jawi sampun kathah, namung ukara sampeyan têksih kau,kaku. kirang urut sêrta alus, punika kawêstanan pêtêng, tiyang ingkang botên sumêrêp dhatêng kajêngipun dêdamêlan sampeyan sêrat <111> wau, bokmênawi dhasar saking bodhonipun, botên saking pêtênging sêrat.

Tuwan Anu: Yèn saking bodhonipun ingkang kula pintoni kados botên. Awit ingkang kula pintoni dêdamêlan kula sêrat, sami tiyang ikang sampun kasêbut sagêd sêdaya, sampeyan piyambak rumiyin inggih sampun kula têdahi sêrat dêdamêlan kula, lajêng sampeyan rampingakên.

Gunawan: Inggih, wau mila kula matur, yèn namung kirang urut sêrta alusipun kemawon. Sintên namanipun priyantun ingkang sampeyan pintoni dêdamêlan sampeyan sêrat.

Buwan Anu:Tuwan Anu. Sêtunggil Ngabèi Kawirêja, kalih Ngabèi Kawiswara, tiga Ngabèi Kawindra, sêkawan Ngabèi Kawiradya, gangsal Ngabèi Kawitana.

Gunawan: Mênawi priyantun gangsal punika amêstani pêtêng, kula botên sagêd mabêni, sabab sami pujôngga agêng sêdaya, ananging pêndugi kula sampeyan ingkang sêling -sêrap, priyantun gangsal wau amêstani kirang alus pênggalih sampeyan kawêstanan pêtêng. Wondening kêrsa sampeyan badhe anggêguru Jawi tuwin Kawi dhatêng kula, kula sakêlangkung dhangan. Ananging bokmênawi cuwa kêrsa sampeyan, awit kula dede pujôngga, têksih kathah kêkirangan kula ing bab têmbung Kawi, ewadèntên mênawi sampeyan nêrimah ing sasumêrêp kula, kula inggih bingah sampeyan guroni. <112>

Tuwan Anu: Kula botên nêdya dados pujôngga, yèn kula sagêd nyakêp sêpalihing kêsagêdan sampeyan kemawon, kula sampun nêrimah. Benjing punapa kêrsa sampeyan wiwit mulang kula.

Gunawan: Kula nyarah ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, kula badhe wiwit ing wulan ngajêng punika, nanging mugi sampeyan pêsthi wancinipun dhatêng kula ing dalêm sampeyan.

Gunawan: Kula mriyogèkakên enjing jam sanga ngantos dumugi jam sêwêlas.

Tuwan Anu: Punika sakêlangkung saking priyogi, wondening pitulung sampeyan dhatêng kula amêsthi botên ical, sasagêd-sagêd kula badhe malês ambingahakên galih sampeyan.

--- 58 ---

Gunawan: Mêkatên punika mugi sampun kagalih, mênggahing agêsang wajib têtulung dhatêng sêsamining tumitah, amadhangakên manah pêtêng, anglêjarakên ing kêprihatosan, sapênunggilanipun ingkang pantês dipun pitulungi.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang êtèh, saudara.

Gunawan: Inggih.

Tuwan Anu: Tiyang Jawi punika sumêrêpipun dhatêng Kawi kadospundi, dene ing ngriki botên wontên pêmulangan.

Gunawan: Aliya saking pujôngga, ing nêgari Surakêrta ngriki kenging kawêstanan <113> botên wontên ingkang sumêrêp ing Kawi, wondening ingkang sumêrêp ing Kawi punika, sami turunipun ing pujôngga kemawon. Dados kêsagêdanipun ing bab Kawi namung tumurun dhatêng anak putunipun piyambak. Tiyang Jawi ingkang dede turunipun ing pujôngga, awis-awis ingkang purun anggêguru Kawi, awit botên kangge kêdamêl wicantênan, kanggenipun namung wontên ing sêrat waosan. Kalih dening prêsasat botên wontên faedahipun, dados amrêlokakên anggènipun ngupajiwa, sanès kados bôngsa sampeyan Wêlandi, sami amêrdi pêncaring kagunan kawruh sêrta kêsagêdan, amêrgi dados kauntungan komuk sêrta kajènipun.

Tuwan Anu: Mênawi tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp ing Kawi, sabab dening punapa kathah ingkang rêmên maos sêrat. Punapa pêmurihipun.

Gunawan: Mênawi priyantun pamurihipun namung sumêrêpa ing cêriyos botên mawi anggalih wêrdining têmbung, mênawi têtiyang alit kathah-kathahipun namung kadamêl cagak êlèk sampun ngantos kêdhatêngan ing pandung, wondening ingkang sami maos wau kêlimrahanipun namung sumêrêp uruting cêriyos kemawon, dhatêng têmbungipun kathah ingkang botên sumêrêp. Sampun ingkang nama sêrat Kawi yèn sumêrêpa, sêrat jarwa kemawon awis ingkang sagêd mêrdèni, dados anggènipun golak-galok sadalu punika, lugunipun kêmit, suwênèh sade swara dhatêng tôngga-tangganipun, <114> supados kaalêma sagêd maos sêrta sae swaranipun.

Tuwan Anu: Kula sawêg mirêng saking pêngandika sampeyan punika, yèn tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp têmbungipun piyambak.

Gunawan: Saèstu yèn mêkatên. Kula piyambak sampun nate ngayoni pitakèn dhatêng têtiyang ingkang sami rêmên maos. Samukawis ingkang kula pitakènakên, botên sagêd nêrangakên. Mênawi wontên ingkang purun nêgêsi, inggih botên pêtitis, malah kathah ingkang kêlintu. Patih kula sangêt rêmên maos sêrat Menak. Pênuju piyambakipun maos, kula dhatêng, ingkang dipun waos sêrat Menak Lare, sêkaripun dhandhanggêndhis, wiwitanipun sêpada lingsa ungêl-ungêlanipun [ungê...]

--- 59 ---

[...l-ungêlanipun] mêkatên: sanggyaning kang panganjalyèng dasih. Kula pitakèni têgêsipun botên sumêrêp.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun ungêl-ungêlan mêkatên punika.

Gunawan: Têgêsipun: sakathahipun sêmbahing kawula.

Tuwan Anu: Kula eram mirêngakên pêngandika sampeyan punika, dene tiyang rêmên maos sêrat, kathah ingkang botên dipun sumêrêpi. <115>

Gunawan: Saèstu yèn mêkatên. Kados ta tiyang Jawi ingkang rêmên sêkar Agêng, kathah sagêd ngapilakên sêrat Rama utawi Bratayuda Kawi, saking kalih pada utawi tigang pada, pundi ingkang dipun rêmêni, ananging sumêrêpipun undha usuk kemawon akalihan patih kula wau. Ananging sampeyan sumêrêpa, kathah bôngsa kula tiyang Jawi ingkang sumagêd, asring purun miyagah têgêsing têmbung Kawi, supados kawêstanana sagêd, pamiyagahipun ngurut saking ukara, ananging awis pêtitisipun.

Tuwan Anu: Tiyang mêkatên punika yèn dadosa guru anasarakên muridipun.

Gunawan: Inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa ngêrsakakên êsês sêrutu.

Gunawan: Botên saudara, kula botên kuwawi ampêgipun, sirah kula lajêng mumêt kados tiyang mêndêm sata.

Tuwan Anu: Ingkang kula damêl wiwitan sinau Jawi, priyoginipun sêrat punapa.

Gunawan: Priyoginipun sêrat Babad Tanah Jawi, awit Kawinipun botên patos kathah.

Tuwan Anu: Sêrat Babad Tanah Jawi kula botên gadhah.

Gunawan: Kula gadhah, benjing-enjing kula kintunakên mêriki. Sampun dalu saudara, kula sampeyan lilani mundur. <116>

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

36. samenspraak van twee Bakoel's, in Madyå

Biyang Penjol: Kula niki diwêkasi lurik rôndha sêmaya karo lurik têbu sakêrêt têng Mas Dêmang Wiradôngsa ing Cangakan. Êmpun rong pasaran niki olèh kula golèk dèrèng olèh, napa dika duwe, bok ayu.

Biyang Soblêm: Lurik rôndha sêmaya kula duwe, lurik têbu sakêrêt botên, [botê...]

--- 60 ---

[...n,] nanging kula bisa ngolèhake, tôngga kula biyang Sèdhêt gajêge duwe, wikana êmpun payu, wikana dèrèng.

Biyang Penjol: Kula dêlênge lurik dika rôndha sêmaya.

Biyang Soblêm: Dawêg.

Biyang Penjol: Niki dika anjaluk pintên.

Biyang Soblêm: Satêmêne niku dede dagangan kula dhewe, sing duwe tôngga kula biyang Cathês, jalukane nêm rupiyah gobang.

Biyang Penjol: Tobil, aranglarang. têmên. Niki rak dhasar Jawa mawon.

Biyang Soblêm: Sing tutur sintên. Bok dika tamatake, ala-ala niku <117> mori.

Biyang Penjol: Napa inggih ta, mati-matia kula arani dhasar Jawa mawon.

Biyang Soblêm: Êmpun karuwan nèk mori, ontên dhasar Jawa kaya mêkotên.

Biyang Penjol: Rongpuluh uwang dika napa awèh.

Biyang Soblêm: Ambakna wong nganyang-anyang, têka sêkêcoh-kêcohe bae. Dawêg, dika duwe sadhengah lurik sing kaya mêkètên aluse, ontêna sêkodhi, kula tukune ngêrongpuluh uwang, utawa lurik dika kêpyur niku tur dhasar Jawa napa dika awèh kula tuku rongpuluh uwang.

Biyang Penjol: Êmpun ta, kula punjuli limang uwang.

Biyang Soblêm: Botên. Yèn botên payu patang puluh uwang, sing duwe botên awèh kula êculake.

Biyang Penjol: Ênggih êmpun ta, kula tuku sêmontên, nanging dika sing beya.

Biyang Soblêm: Beyane pintên ta.

Biyang Penjol: Wikana, duga kula kèh-kèhe ênggih suwang, lah niku Cinane sing mupu linggih èntên ing bango, dika takon dhewe.

Biyang Soblêm: Yèn ukur suwang sapêngisor. Kula gêlêm nyôngga beyane. <118> Niku Cina pranakan napa Cina singkèk.

Biyang Penjol: Napa dika dèrèng tau wêruh babahe niku, rak êmpun kêtara rupane yèn Cina pranakan.

Biyang Soblêm: Wêruh kula mung Cina tuwa, kang jênêng Babah Tekong, yèn babahe niku kula lagi wêruh saniki mawon. Kula satêmêne rak wêdi têng Cina singkèk. Yèn cêlathu botên bisa lirih, nganggo surawean. Kambi cok sêling surup saking botên ngêrtine Jawa.

--- 61 ---

Biyang Penjol: Kula ênggih mêkotên. Yèn êmpuna cok kapêksa bêbeya, botên sudi caturan kambi Cina singkèk. Kêjabane yèn cêlathu botên bisa lirih kambi surawean kurangajare bangêt.

Biyang Soblêm: Babah, lurik niki beyane pintên.

Cina mupu beya: Wolung dhuwit.

Biyang Soblêm: Dawêg.

Biyang Penjol: Dika beyani pintên niki wau bok ayu.

Biyang Soblêm: Wolung dhuwit.

Biyang Penjol: Botên adoh karo pêthèk kula wau. O dhuwite <119> kurang, bok ayu, bok dika tampani dhisik. Mêngko têkan ngomah kula gênêpi, mung kurang têlu tèng, dawêg ta dika widèni.

Biyang Soblêm: Inggih, êmpun bênêr kurang têlung tèng, besuk Êpon mawon dika gênêpi, kula mêngke arêp lunga têng Bêkonang, diwêkaske anak kula mantu ulih kula besuk Êpon.

Biyang Penjol: Ontên gawene napa bok ayu.

Biyang Soblêm: Kula niki bok ayu, satêmêne mawon purik, botên tahan ontên ngomah.

Biyang Penjol: Napa dika padu karo bojo dika.

Biyang Soblêm: Bêgja yèn padu mawon. Êmpun lumrahe wong salaki rabi niku padu, larane ati kula niki amêrga diwayuh, kula botên bisa rukun kambi maru.

Biyang Penjol: Kula lagi kêprungon saniki yèn bojo dika rabi malih.

Biyang Soblêm: Layak mawon dika dèrèng kêprungon, awit olèhe rabi lagi ontên karo têngah sasi niki.

Biyang Penjol: Wong ing pundi maru dika niku.

Biyang Soblêm: Wong ing desa Pijenan, anake paman Jawôngsa, dadi karo kula prênah nak-sanak. <120>

Biyang Penjol: Kula niki inggih diwayuh têng pakane si thole, nanging botên dadi larane ati kula, sabisa-bisa kula êmong maru kula, pênganggêpe têng kula bêcik sêrta pakane si thole wuwuh tisnane têng kula, awit sakajênge kula turuti.

Biyang Soblêm: Kula botên bisa, bok ayu nglakoni kaya dika, ati kula panas mawon, awit pênganggêpe têng kula botên kaya maru, êmpun kaya têng batur, rèhne kula bojo kawitan, lan kêprênah tuwa, dadi botên bisa [bi...]

--- 62 ---

[...sa] nyêlondhohi, yèn ta bêcika pênganggêpe, kula ênggih nêrima, bok diwayuha sêlawe prah, môngsa dadia larane ati kula, anggêr têpunge mawon bêcik.

Biyang Penjol: Maru kula niku wiwitane ênggih mêkotên pangrêngkuhe têng kula, nanging kula kalahi mawon. Lawas-lawas mêtu dhewe kaelingane bêcik, banjur rukun karo kula sapriki.

Biyang Soblêm: Rak arang wong wadon kaya dika, bok ayu, sèwu mongsok ontêna siji, ati kula botên kêna kula sarèhake, kaya ambêlêdhos- ambêlêdhosa, kudu ngulêng mawon têng bojo kula.

Biyang Penjol: Lah niku êmpun mêkotên, bok ayu, basa wong wadon niku khaking bojo, rumôngsaa kawêsesa, sakarêpe diturutana, wêkasan bêcik dadine, dika turuta pitutur kula niku amêsthi bêcike têpunge <121> maru dika lan muwuh tisnaning bojo têng dika.

Biyang Soblêm: Ênggih, bok ayu, kula lakonane pratikêl dika niku, nanging saniki kula botên bisa, ati kula botên kêna kula sarèhake, awit wau kula mêntas padu karo maru, êmpuna diadhangi si êmbok, duga kula sida ulêng. Êmpun, bok ayu, kula banjur têng Bêkonang.

Biyang Penjol: Rowang dika mêlaku sintên.

Biyang Soblêm: Dhewe mawon.

Biyang Penjol: Bok êmpun mêlaku dhewe, mênèk dibegal ing uwong, saniki okèh begalan.

Biyang Soblêm: Dibegal ênggih êmpun bêgjane, yèn dhasar êmpun pêsthine nêmu bilai, môngsa kênaa disingkiri.

Biyang Penjol: Lah ênggih êmpun ta, sakarêp dika, kula nyangoni sêlamêt mawon.

Biyang Soblêm: Ênggih, bok ayu, dika kari sêlamêt.

37. samenspraak van twee Javanen, in Madyå

Naya: Dika salawase ontên ing pundi kang, êmpun rong pêncorong niki <122> kula botên tumon-tumon têng dika, eling kula wêkasane kula kêtêmu dika, dhèk dika nonton wayang Cina ontên ing ngarêpan klênthèng.

Dita: Saêmpune niku, kula rak kêtêmu dika malih ontên ing omahe uwa Janala.

--- 63 ---

Naya: E ênggih, malah ulih kula barêng karo dika.

Dita: Kula niki lunga têng Sêmarang, banjur têng Têgal. Ontên ngriku kula dicêkêl, digawa têng kantor, banjur diêrès.

Naya: Lho, sababe napa dika dicêkêl.

Dita: Dupèh kula botên anggawa êpas.

Naya: Lah, napaa dika botên anggawa êpas. Napa dika botên dhèngêr yèn wong lungan kudu anggawa êpas.

Dita: Ênggih êmpun dhèngêr, nanging rèhne kula botên anggêgawa, kêjabane mung sangu kula ing dalan. Pêngrasa kula botên susah anjaluk êpas.

Naya: Lah niku botên mêkotên sing dadi pêrentah, sênajan lêgeha, anggêr lunga ngambah bawah liyan, amêsthi kudu nganggo êpas. Sabab êpas niku pratôndha yèn lakune têrang, dede wong minggat.

Dita: Wong êmpun kêluputan mêkotên, ênggih êmpun bênêre kêna ing patrapan. <123> Kula ontên ing Têgal didangu ing prentah, ênggih blaka mawon, kaya tutur kula têng dika wau, saêmpune kula diêrès suwêngi, esuke diulihake mênyang Sala, dijujugake ing kantor, banjur dipasrahake mênyang kêpatihan. Esuke malih kula dipasrahake têng lêlurah kula.

Naya: Lah laku dika saka ing ngriki tutug ing Sêmarang têka sêlamêt botên ontên sing ngandhêg.

Dita: Olèh kula sêlamêt niku duga kula mawon, awit kula mêlaku bêngi.

Naya: Dadi olèh dika lumaku bêngi niku amurih êmpun nganti kawruhan yèn botên anggawa êpas.

Dita: Botên dhi, mung murih kêpenaking laku, awit pênuju padhang rêmbulan. Yèn lumaku rina panase bangêt.

Naya: Konangane ontên ing Têgal yèn dika botên anggawa êpas pripun.

Dita: Kula lagi nganyang lurik ontên ing pasar, botên suwe ontên priyayi têka, mandhêk ing ênggon kula nganyang lurik wau, kula diingêtake banjur ditakoni jênêng lan omah kula, kula blaka mawon, barêng nakokake layang êpas, kula botên bisa nuduhake, kula banjur diirid têng kantor.

Naya: Wêruhe yèn dika niku wong saka ing nêgara liyan pripun. <124>

Dita: Duga kula saka ing pênganggo lan cêlathu kula, awit beda kambi wong ing Têgal, dadine kêtara mawon yèn dede wong ngriku.

Naya: Ing Sêmarang niku gêdhe pundi karo ing Sala.

--- 64 ---

Dita: Yèn kula andêlêng kehing omah Wêlônda lan Pacinane, wêtara kula gêdhe ing Sêmarang, reta kang lunga têka pirang-pirang, wonge andêlidir mawon, tontonane okèh, ewadene kula botên kêrasan omaha ontên ing Sêmarang.

Naya: Kula niki kêpingin lajêng wêruh ing Sêmarang, nanging awang-awangên dohe.

Dita: Adoh sêpintên. Yèn dika lumaku enak-enakan têlung dina têkan, yèn dika kêncêngake rong dina mawon têkan, sêmontên niku yèn dika botên anggawa pikulan.

Naya: Yèn dika lakoni rong dina, pênginêpane ing pundi.

Dita: Saka ing ngriki nginêp ing Salatiga, utawa ing Kalicacing, yèn dika mangkat êbyar, wayah tunggang gunung utawa surup têkan. Sêmontên niku yèn dika botên kêrêp lèrèn, saka ing Salatiga dika mangkat êbyar, asar têkan ing Sêmarang.

Naya: Dadi adoh saka ing ngriki têng Salatiga karo saka ing Salatiga têng Sêmarang.

Dita: Inggih, duga kula kacèke karo têngah onjotan. <125>

Naya: Kula duwe sêdulur nak-sanak ing Sêmarang, jênênge Cadrana, dadi upase tuwan sukêtaris, êmpun kêrêp kula diwêkasake têng Sêmarang, kula sêmayani mawon. Olèh-olèh dika saka ing Sêmarang napa.

Dita: Olèh kula bisa anggawa olèh-olèh pripun. Wong ulih kula kaya lakuning lêlaran. Sêja kula anggawa lurik saka ing Têgal, awit lurike bêcik- bêcik lan murah-murah, lagi kula anyang kula banjur digawa têng kantor, dadi olèh kula lunga rong sasi niku kêlêbu ing bêbasan anrangwèsthi.

Naya: Ênggih mêkotên, awit dika êmpun dhèngêr, yèn wong lêlungan kudu anggawa êpas. Môngka dika nêmaha botên anggawa, dadi anêrak pêrentah.

Dita: Ênggih dhi, bangêt gêtun kula, salawas kula urip dèrèng tau dadi lêlaran. Lagi sêpisan niku, saniki kula êmpun kapok. Tujune mung diulihake mawon. Upama nganti diukuma pripun.

Naya: Besuk malih dika êmpun sêmbrana mêkotên.

Dita: Kula êmpun kapok têmênan. Ênggih bênêr kula botên dosa ing nêgara, kêluputan kula mung botên anggawa êpas. Nanging wong diiringake kaya <126> lakuning lêlaran ngisin-ngisinake.

Naya: Ênggih ta. Dika wau ajêng têng pundi.

Dita: Ajêng tilik si uwa Janala, wêrtane lara.

--- 65 ---

Naya: Kula ênggih ajêng mrika.

Dita: Dawêg barêngan.

Naya: Dawêg.

30. samenspraak van drie Bakoel's, in Madyå

Biyang Sukra: Dawêg, bok ayu, padha lèrèn ngisor asêm ngriku, panase bangêt.

Biyang Dite: Dawêg, sikil kula kaya mêlocot-mêlocota, ngambah wêdhi niku wau.

Biyang Jithêng: Kula ênggih milu lèrèn ngriku, sikil kula kiwa wau kêsandhung ing watu, larane botên jamak.

Biyang Sukra: Mulane sasuwene kula dêlêng, laku dika pincang. Kêmpitan dika napa bok ayu.

Biyang Jithêng: Ontên sêmbagi, ontên kacu gêmbaya, plangi, cindhe, limar, lurik tumênggungan.

Biyang Sukra: Kula dêlênge lurik dika tumênggungan.

Biyang Jithêng: Dawêg.

Biyang Sukra: Niki dirêgani pintên.

Biyang Jithêng: Sing dika cêkêl niku dirêgani wolung rupiyah gobang, sijine niku <127> kêpitu têbah, ênggih rupiyah gobang.

Biyang Sukra: Kula niki diwêkasi lurik tumênggungan têng Mas Ajêng Gunawan ênggih êmpun kula olèhake, nanging pênganyange murah-murah mawon. Ontên lurik aluse kaya duwèk dika niki, dianyang têlung puluh uwang, bola-bali kula mrika anggawa lurik kang kaya niki, ênggih botên mundhak-mundhak pênganyange sêmontên mawon. Sing rada wadhag kaya lurik dika, kang rêga kêpitu têbah niku, dianyang limalas uwang, nganti kêsêl olèh kula bola-bali botên sida-sida dituku.

Biyang Dite: Mas Ajêng Gunawan niku yèn têtuku kudu olèh murah, yèn adol kudu larang, kula sêngiyèn ênggih êmpun diwêkasi suwêng bèjèn sêrakit sing rêga limang atus. Kula golèkake olèh, barêng kula gawa mrika, mung dianyang wolung puluh, sêmontên niku ajêng diutang.

Biyang Jithêng: Dhasar mêkotên, bok ayu, Mas Ajêng Gunawan niku, yèn tuku kudu olèh murah, yèn adol kudu larang, lah niki kula dikon ngêdolake ali-aline mirah dirêgani satus rupiyah glindhing murwatan kula,

--- 66 ---

kèh-kèhe mung rêga têlung puluh, sabên sore yèn kula atêrake mulih, kula awadake botên ontên sing ajêng, kula nawakake isin. Môngsa wurunga <128> digêguyu ing uwong, diarani wong owah.

Biyang Sukra: Pundi bok ayu, kula ajêng wêruh rupane.

Biyang Jithêng: Lah niki napa.

Biyang Sukra: Niki dirêgani satus rupiyah glindhing, bok ayu.

Biyang Jithêng: Ênggih.

Biyang Sukra: Bênêr olèh dika isin nawakake, murwatan dika têlung puluh, wau kula tasih ngarani kokehan, wong sing ajêng nganggo ngaya mung wani tuku rongpuluh rupiyah.

Biyang Dite: Pundi bok ayu, kula dêlênge.

Biyang Sukra: Dawêg.

Biyang Dite: Bênêr dika bok ayu, wani kulukula. tuku niki ênggih mung rongpuluh rupiyah, mulane mêkotên, mirahe kang sisih dhêkok lan êmbane êmas ênom. Lah bok dika ulihake mawon môngsa payua.

Biyang Jithêng: Êmpun kula ulihake, esuke digawakake malih, itung kula saniki êmpun têlung sasi olèh kula ngêmpit.

Biyang Sukra: Yèn êmpun dika ulihake, bok êmpun dika parani malih.

Biyang Jithêng: Niku ênggih mêkotên. Nanging yèn botên kula parani, lupute <129> kula diundang, ênggih ali-aline diatêrake têng omah kula.

Biyang Dite: Lah ênggih êmpun dika simpêni ing bèsèk mawon, lawas-lawas rak dijaluk dhewe.

Biyang Sukra: Êmpun bok ayu, botên sida olèh kula ajêng anggawa lurik dika niki, mundhak ngêbot-êboti gendhongan, môngsa sidaa dituku, plangi dika niku rêga pintên.

Biyang Jithêng: Niki olèh kula ngayuh saka ing tôngga kula, tawane sêpuluh rupiyah ngrolas uwang.

Biyang Sukra: Kula dêlênge.

Biyang Jithêng: Dawêg.

Biyang Sukra: Dawa ômba, nanging rada nyêmèmrèng, rupane têka kaya êmpun kanggo.

Biyang Jithêng: Dèrèng, tasih tigas.

Biyang Sukra: Bok Mas Kawirêja golèk plangi kaya mêkètên, coba dika parakake mêrika, yèn dèrèng olèh, niki mêsthi dituku.

--- 67 ---

Biyang Jithêng: Ênggih mêngke nek êmpun mari sayah, kula prikakake.

Biyang Dite: Dika napa anggawa kinang, bok ayu, salêpa kula kothong, isine êntèk mawut ontên ing pasar Êpon. <130>

Biyang Jithêng: Anggawa, dawêg dika nginang. Napaa isine salêpa dika mawut.

Biyang Dite: Wau kula ontên ing pasar Êpon, ambênêri ajêng nginang, kêtêkan Cina singkèk, wikana jênênge, kula ditujah utang limalas uwang, kula botên rumôngsa utang, êmpun sing utang, wêruh mawon têng Cina niku lagi wau, nanging mêksa kula ditagih, karo briga-brigi, buntêlan kula niki ajêng diêpèk kula rêbut. Si Cina ajêng nabok, salêpa kula kêsampar ing sikile, dadi isine mawut. Tujune bojo kula ambênêri têka, nyikêp Si Cina saka ing buri, êmpuna mêkotên, inggih êmbuh-êmbuhan mawon wau.

Biyang Jithêng: Si Cina bapang disikêp ing bojo dika pripun.

Biyang Dite: Ênggih budi kêroncalan, nanging banjur dibanting, sêdhela ing pasar Êpon gègèr, disêngguh wontên wong ngamuk. Kira kula mawon ontên wong sing utang, madha rupa karo kula.

Biyang Sukra: Layake mawon Biyang Canthuk sing utang, niku okèh èmpêre karo dika, kacèk tuwa ngrika sêthithik.

Biyang Dite: Barêng êmpun dibanting, banjur tangi, lajêng ngrêbut kêrise bojo kula, nuli diukêl kucire, Si Cina bêngok-bêngok botên bisa polah, barêng <131> diêculake, banjur nginthar kambi mêmisuh, tasih kêngkêng ngarani kula utang, ajêng dilapurake têng kantor.

Biyang Jithêng: Dadine dika niku dhapur kêsanja baya, Si Cina kêlêbu wong matang tuna numbak luput.

Biyang Dite: Ênggih mêkotên. Wong botên ngubêngake jôntra, têka kêtêkan ing Cina edan.

Biyang Sukra: Bok ayu Jithêng, dika napa êmpun pêgatan karo bojo dika.

Biyang Jithêng: Dèrèng pêgatan, lagi pisah kêbo mawon.

Biyang Sukra: Prêkarane napa, dene dika nganti lunga saka ing omah.

Biyang Jithêng: Prêkarane botên ontên, mung kula botên bisa ngladèni wong lanang, bojo kula niku sêrète gêdhe, tadhahe sêdina limang uwang, kêjaba pacitane, sêmôngsa kurang tadhahe, kula sing diuring-uring, kudu ngotên, kula mêsthi ngontênake dhuwit limang uwang, sabisa-bisa ênggih kula golèk-golèkake, anggêgadhèkake, utawa utang-utang têng tôngga, yèn botên olèh, [o...]

--- 68 ---

[...lèh,] banjur naboki, kula riyin disawat ing têdudanbêdudan = pipa kanggo nyêrèt. liyan bathuk kula nganti gêtihên. Sabên-sabên mêkotên mawon, dadi kula botên bisa nglakoni, mulane kula tinggal. Kula niki sadina dodol mulih sayah, cilike padu gêdhene ditaboki, sing gêlêm dadi kaplokan sintên, wong lanang <132> môngsa kuranga wong wadon, mêkotên ugi wong wadon môngsa kuranga wong lanang.

Biyang Sukra: Ênggih bok ayu, wong madati niku botên duwe tisna utawa wêlas têng anak bojo, yèn nuju kêtagihan, botên duwe dhuwit utawa dandanan, anake diurup pitike awèh mawon.

Biyang Jithêng: Cêlathu dika niku bênêr, kula êmpun kêrêp tumon wong sing mêkotên.

Biyang Dite: Dawêg padha mulih bok ayu.

Biyang Sukra: Dawêg. Dika dina saniki têng omahe Bok Mas Kawirêja, anggawa plangi wau.

Biyang Jithêng: Ênggih.

39. samespraak van een heer met een Ngabêï op reis, in Kråmå

Tuwan Anu: Saudara, ngajêng punika dhusun ing pundi.

Ngabèi Môndragupita: Punika dhusun ing Pajêdhêgan, lênggahipun RadèhRadèn. Bèi Wignyasêstra, abdi dalêm lurah carik.

Tuwan Anu: Bawah ing Surakêrta punapa bawah ing Nyayogyakêrta.

Môndragupita: Bawah dalêm ing Surakêrta.

Tuwan Anu: Tingalipun agêng, sêrta panggenanipun polatan uwitipun <133> kêlapa kathah.

Môndragupita: Inggih dhasar agêng, siti damêlipun tiyang nêmbêlas dados kawan jung.

Tuwan Anu: Paosipun mêdal pintên ing dalêm sêwulan.

Môndragupita: Mênawi nêgari ing Surakêrta, paosing siti dhusun ingkang waniwarni. yatra, botên mêdal wulanan. Kêlimrahanipun kawêdalakên têtêngahan Mulud akalihan Siyam, kêjawi paos ingkang wêrni uwos utawi lisah, punika wontên ingkang kawêdalakên nalanan.wulanan. Wondening siti dhusun ing Pajêdhêgan wau, paosipun ing dalêm sêtaun mêdal jung kalih dasa reyal anigang dasa uwang, dados siti kawan jung paosipun wolung dasa reyal.

Tuwan Anu: "Punapa sabên siti sajung paosipun kalih dasa reyal ing dalêm [da...]

--- 69 ---

[...lêm] sêtaun.

Môndragupita: Botên, tuwan. Wontên ingkang langkung saking sêmantên, wontên ingkang kirang, mawi-mawi awon saenipun ing siti.

Tuwan Anu: Ingkang dipun wêstani siti pangrêmbe punika punapa, saudara. <134>

Môndragupita: Sawêrninipun kagungan dalêm siti dhusun ingkang botên nyanggi paos yatra, namung nyanggi dhahar dalêm ingkang wêrni uwos, pijêtan, dhuku, wohan, sêdhah, sapênunggilanipun ingkang dados dhahar dalêm.

Tuwan Anu: Mênggah kagungan dalêm siti dhusun, ingkang nyanggi paos lisah, apu, gêndhis, sukêt, punapa inggih nama pangrêmbe.

Môndragupita: Inggih, punika ewonipun siti pangrêmbe.

Tuwan Anu: Punapa anggêr siti dhusun ingkang botên nyanggi paos yatra nama pangrêmbe.

Môndragupita: Inggih, mênawi kagungan dalêm ingkang sinuhun akalihan siti lênggah ing kadospatèn. Aliya saking punika botên nama pangrêmbe.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun pangrêmbe.

Môndragupita: Pangrêmbe punika têmbung Kawi, têgêsipun pasêmèn.

Tuwan Anu: Punapa purbanipun pangrêmbe.

Môndragupita: Purbanipun pangrêmbe, têgêsipun sêmi.

Tuwan Anu: Pangrêmbe wau nama têmbung punapa.

Môndragupita: Pangrêmbe punika nama têmbung kerata, têgêsipun kerata: pêncar, dados pangrêmbe wau pêncaran saking rêmbe.

Tuwan Anu: Sapunika kula sumêrêp. Mila kagungan dalêm siti dhusun ingkang nyanggi dhahar dalêm kawêstanan pangrêmbe, amêrgi sêsanggèn wau mêdal saking têtuwuhan. <135>

Môndragupita: Inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Ing wande ingkang wau kula ningali wontên dhapuripun kados bathok kumurêp, wêrninipun sêmu abrit. Punika punapa, saudara.

Môndragupita: Kados gêndhis jawi.

Tuwan Anu: Gêndhis jawi punika ingkang kadamêl punapa.

Môndragupita: Ingkang kadamêl gêndhis jawi kawan prêkawis, 1. lêgèn arèn, 2. lêgèn kêlapa, 3. lêgèn siwalan, 4. têbu, ingkang kathah gêndhis arèn, gêndhis kêlapa akalihan gêndhis têbu, gêndhis siwalan awis wontên.

Tuwan Anu: Punapa gêndhis jawi botên wontên ingkang pêthak kados gêndhis pasir.

--- 70 ---

Môndragupita: Botên wontên. Ingkang sae wêrninipun sêmu kuning, ngajêng punika wontên wande, suwawi sami kèndêl sêkêdhap supados sampeyan tamata dhatêng wêrninipun gêndhis jawi.

Tuwan Anu: Sumôngga.

Môndragupita: Lah punika wêrninipun gêndhis kêlapa. Ingkang tangkêpanipun alit-alit punika gêndhis têbu.

Tuwan Anu: Raosipun lêgi, nanging tung-tung asin. Eca gêndhisipun têbu.

Môndragupita: Inggih, gêndhis kêlapa punika dhasar tung-tung asin.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa ngêrsakakên ngunjuk anggur, kula wau sangu <136> kalih gêndul wontên ing kreta.

Môndragupita: Anggur abrit punapa anggur madhera.

Tuwan Anu: Ingkang anggur abrit sêgêndul, madhera sêgêndul.

Môndragupita: Kula nyuwun madheranipun kemawon, kaombe kalihan toya klapa sêgêr.

Tuwan Anu: Penjol, jupukna anggur madhera, kang ana ing kreta kono, sagêlase dhepok pisan.

Penjol: Inggih.

Tuwan Anu: Sumôngga, saudara.

Môndragupita: Inggih, kula kantun kemawon, sumôngga sampeyan mundhut rumiyin.

Tuwan Anu: Kula dèrèng ngayoni ngombe anggur madhera akalihan toya klapa, punapa eca, saudara.

Môndragupita: Mênawi kula, eca, sarèhning sampeyan dèrèng nate ngayoni, prayogi kacoba sêkêdhik kemawon rumiyin.

Tuwan Anu: Eca saudara, sumôngga sampeyan ngunjuk, kula sampun.

Môndragupita: Inggih.

Tuwan Anu: Suwawi sami mangkat, saudara.

Môndragupita: Sumôngga. <137>

Tuwan Anu: Ngajêng punika pos ing pundi.

Môndragupita: Punika pos ing Pawisan, ngajêngipun malih pos ing Kalitan.

Tuwan Anu: Dumuginipun ing nêgari Surakêrta kantun pintên pos, saudara.

--- 71 ---

Môndragupita: Namung kirang kalih pos, ingawisan ing Pawisan. akalihan ing Kalitan wau.

Tuwan Anu: Tiyang lêlampah mênawi wontên rencangipun wicantênan, sêkeca sangêt.

Môndragupita: O inggih. Kaotipun kathah akalihan ingkang lumampah piyambak. Awit sadangunipun lumampah kêsambi wicantênan, botên patos kêraos sayah.

Tuwan Anu: Inggih.

Môndragupita: Anggur sampeyan madhera kêras. Sirah kula ragi kliyêng-kliyêng.

Tuwan Anu: Kados kêkathahên anggèn sampeyan ngunjuk. Kula botên kraos punapa-punapa.

Môndragupita: Kados inggih mêkatên. Pêngombe kula wau palihan kalih toyanipun kêlapa.

Tuwan Anu: Punapa punika pos ing Kalitan.

Môndragupita: Inggih tuwan.

Tuwan Anu: Mêrgi ingkang mêngidul punika anjog dhatêng pundi, saudara. <138>

Môndragupita: Anjog dhatêng Nyayogyakêrta.

Tuwan Anu: Kathah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan, yèn kula sampun dumugi ing nêgari sêrta sampun mantun sayah, kula badhe dhatêng ing dalêm sampeyan anyuwun sumêrêp ingkang dèrèng kula sumêrêpi.

Môndragupita: Sakêlangkung bingah kula, sampeyan badhe pinarak dhatêng griya kula, wondening kêrsa sampeyan badhe mundhut sumêrêp wau sakêlangkung andadosakên dhanganing manah kula.

Tuwan Anu: Dalêm sampeyan punapa têbih saking loji residhenan.

Môndragupita: Botên patos têbih. Punapa sampeyan badhe mondhok ing dalêmipun kangjêng tuwan residhèn.

Tuwan Anu: Inggih.

Môndragupita: Lah punika sampun kêtingal. Kula sampeyan lilani mêdhun ing ngriki kemawon.

Tuwan Anu: Punapa botên kêtêbihên, sampeyan tindak dharat saking ngriki dumugi ing dalêm sampeyan.

Môndragupita: Botên tuwan, kalih dening punika kapal kula kapêthukakên.

Tuwan Anu: Inggih sumôngga sakêrsa sampeyan.

--- 72 ---

Môndragupita: Tabe, tuwan.

Tuwan Anu: Tabe, saudara.

40. samenspraak van een Pangeran met twee bejaarde Javanen van minderen stand, in Madyå en Kråmå, onder anderen over de goede en slechte teekens in het haar van paarden

Pangeran: Lho, si paman. Kasêrira wau saka ing pundi, dene awan-awan. <139>

Wirawôngsa: Kula nuwun, kula saking ningali tiyang jêmparingan. Kêpingin badhe tumut, nanging botên gadhah jêmparing, mênawi panjênêngan dalêm parêng, kula nyuwun jêmparing ingkang sampun botên kagêm kemawon sagêndhewanipun.

Pangeran: Gêndhewa kula mung siji niki, panah kula rong lakon. Dawêg sêlakon edhang. Kalangane ing pundi, paman.

Wirawôngsa: Kula nuwun, kambênganipun ingkang agêng kalih ênggèn, sêtunggil ing alun-alun, sêtunggilipun ing Mangkunêgaran. Ing alun-alun punika pêndhak sontên kemawon, ing Mangkunêgaran enjing sontên, têrkadhang ngantos sadintên muput.

Pangeran: Apa akèh wong kang padha nglurug. Ing Mangkunêgaran niku nganti pintên gêndhewa.

Wirawôngsa: Kula nuwun, inggih kathah, kêjawi saking tiyang nglurug, para sêntana tuwin para abdi sami kapêrdi tumut jêmparingan. Dados kêdhik-kêdhikipun ngantos kalih dasa gêndhewa, têrkadhang ngantos kawan dasa gêndhewa.

Pangeran: Yèn mêkotên, pênduga kula okèh panah kang padha rusak, <140> awit kêtiban ing padha panah, tuwin bocah kang nuthuki inggih okèh sing padha kêliru.

Wirawôngsa: Dhawah dalêm mêkatên punika kêsinggihan. Inggih sayêktos kathah jêmparing ingkang sami tugêl dêdêripun, sêrta ingkang pêcah nyênyêpipun, punapa malih risak êlaripun. Wondening jêmparing ingkang andhawahi wau inggih sami anjêbrèt bedhoripun.

Pangeran: Yèn mêkotên kula inggih kêpingin andêlêng, sabab padha-padha kêlangênan panahanipun ambungahake dhewe, sêrta botên kêna dibêkiwiti, mung yèn jedok ngisin-isini, yèn nuju mencok ing êndhas pelesan, ambungahake bangêt. Si paman Surakrama, kuwe dak undang rada esuk jêbul awan têmên olèhmu têka, kang sêrira wau andadak napa paman.

Surakrama: Kula nuwun, abdi dalêm kula kapambêngan amanggihi utusanipun [utusani...]

--- 73 ---

[...pun] rama dalêm Bêndara Pangeran Anu, amintokakên anggènipun ngêrsakakên tumbas titihan kapal, wêrninipun dragêm wêdalan ing timur, dados abdi dalêm kula mawi anêgari.

Pangeran: Napa bêcik lambe atine, paman, lan tunggangane napa kêpenak. Sêrta napa mulus botên ontên cirine.

Surakrama: Kula nuwun, tumpakanipun kêlêbêt sêkeca, lambenipun ènthèng, <141> namung manahipun bantêr, ing atasipun rama dalêm Bêndara Pangeran Anu kêbantêrên. Mênggah manginipun jangkêp, amung cacad kupingipun dawir.

Pangeran: O lah, yèn mêkotên olèhe ngarani si paman jaran wêton ing Timur wau kêliru, adat yèn kupinge dawir niku turene jaran sundêl laut. Dene nek jaran wêton ing Timur, utawa wêton ing Bima, niku têngêre cok dipêngêt janggêle lan dhuwure botên ontên kang patang kaki.

Surakrama: Abdi dalêm kula sawêg sumêrêp saking pêngandika dalêm punika, ingkang dados têngêripun kapal wêdalan ing tanah sabrang, ingkang wau kula wêstani sampun cacad dhasar.

Pangeran: Kula dhèk dèrèng dhèngêr ênggih mêkotên. Mulane jaran wêton ing Timur lan wêton ing Bima buntute botên bisa dawa, awit dipêthêt janggêle.

Surakrama: Kula nuwun, inggih. Kagungan dalêm titihan dragêm ingkang saking Tuwan Anu rumiyin punapa têksih.

Pangeran: Êmpun kula wèhake têng dêmang kula ing Cibukan, awit kula wêdi nunggangi, gilape bangêt, kula sêpisan ontên ing Bathangan mèh tiba, kula saka ing wetan ontên wong mêtu saka ing pomahan saloring dalan kambi anggawa payung, jaran kula anggiwar, êmpuna kula rikat anyandhak surine, amêsthi tiba. <142>

Surakrama: Kula nuwun, kapal mênawi gadhah cacad gilap sampun botên kenging dipun dandosi, bilih gilapipun sangêt, anêniwasi, asring andhawahakên. Kêjawi saking punika, tangyangtiyang. numpak kapal gilap kêdah wêweka kemawon, dados kirang bingahipun ingkang numpak.

Pangeran: Bêbutuhan paman, kula angur nuggang jaran sing bandhol kambi jaran gilap. Caturan banjaran, kula kèlingan, si paman napa êmpun wêruh jarane Babah Kwi Long, sing abang pancal pagung. panggung.

Surakrama: Kula nuwun, sampun.

Pangeran: Niku ajêng kula tuku, napa botên ontên cirine.

Surakrama: Kula nuwun, dhapuripun abdi dalêm kula rêmên, tumpakanipun sêkeca, [sê...]

--- 74 ---

[...keca,] ananging cirinipun tunggang taya.

Pangeran: Tunggang taya niku sing pundi, paman.

Surakrama: Kula nuwun, ingkang kawêstanan tunggang taya punika mathi wontên ing jalak.

Pangeran: Niku napa kêlêbu cacat gêdhe.

Surakrama: Kula nuwun, inggih, undha usuke mawon akalihan tadhah êluh.

Pangeran: Yèn mêkotên kula botên ajêng. Si paman napa apal jênênging mathi kang ala lan kang bêcik. Kula biyèn êmpun nyathêti, nanging ilang.

Surakrama: Kula nuwun, kêdhik-kêdhik inggih sumêrêp.

Pangeran: Jênênge mathi kang bêcik niku sing pundi.

Surakrama: Ingkang sae, 1. nilakôntha, 2. traju mas, 3. dewa <143> nglayang, 4. saka panggung, 5. jaga mungsuh, 6. sôngga buwana, 7. dara mangun tapa, 8. astha windu, 9. astha dama, 10. sabda tawang, 11. pujôngga ura-ura, 12. surènggana, 13. dhandhang lêksantara, 14. sandhang nyawa.

Pangeran: Mathi kang ala napa jênênge.

Surakrama: Ingkang awon, 1. dhandhang aring- aring, 2. bisu idu, 3. gônda saya, 4. ôndha mastaka, 5. brama lêbu gêni, 6. baya kapêthuk, 7. baya pala, 8. pala katunu, 9. tambang ngarsa, 10. tunggang taya, 11. sonyantaka, 12. barancah, 13. panggung rencog, 14. tadhah êluh, 15. turun tangis, 16. sôngga kalung, 17. gondrèk ngilo, 18. durga racun, 19. kalamôngsa, 20. satriya kapanah, 21. kêlabang anglèng, 22. pêndhêman upas. Punika èngêt-èngêtan kemawon.

Pangeran: Kula bok ditulisake jênênging mathi wau, sêrta dununge pisan.

Surakrama: Kula nuwun, inggih sandika.

Pangeran: Si paman wau kula undang, ajêng kula ajak ngrungokake prêkutut disambi ngombe wedang êtèh, sabab kula entuk prêkutut saka ing Blora, niku ajêng kula tandhing karo duwèk kula lawas kang saka ing Kêdhiri, si paman dhêmên <144> pundi, nanging saniki êmpun kawanên, êmpun lèrèn olèhe manggung, sesuk mawon si paman têkaa kang rada esuk.

Surakrama: Kula nuwun, inggih sandika. Mênawi sampun têrang dhawah dalêm, kula kalilana mundur.

Pangeran: Ênggih, paman.

--- 75 ---

Wirawôngsa: Kula inggih mugi kalilana mundur.

Pangeran: Ênggih, paman.

41. samenspraak van twee Javaansche vrouwen, en met de vrouw van een lombardhouder, in Madyå en Kråmå

Biyang Clili: Bok ayu. Rèhne dika biyèn milu ing salaku kula anggadhèkake pêndhok mas têng Nyai Laba, mulane nèk lêga ati dika, dika saniki kula ajak nêbus.

Biyang Cèkli: Nganggo kula dika ajak nêbus gawene napa, biyèn kula rak pênuju barêngan mawon karo dika ing omahe Nyai Laba, botên dika ajak anggadhèkake.

Biyang Clili: Ênggih êmpun bênêr, nanging rèhne Nyai Laba niku yèn anggêgadhe botên tau ditulisi, dadi cok rêgêjêgan karo wong kang anggadhèkake, <145> sing sêpisan bab pêngitunging sasi, kapindho pêngitunging buwahan, mulane dika kula ajak bokmênawa ontên sulayaning itung, dika bisaa ngrewangi ambênêrake.

Biyang Cèkli: Ênggih, bok ayu, botên kula ewuhake, yèn mêkotên mawon prêlune, eling kula olèh dika anggadhèkake dhèk Sêptu Paing tanggal ping 4 sasi Pasa taun Jimawal sing êmpun mati, dadi tutug ing sasi Jumadilakir taun Je niki êmpun sêpuluh sasi.

Biyang Clili: Eling kula inggih mêkotên, malah ambênêri ing Sêptu Paing wau anak kula Si Clili mulih saka ing desa.

Biyang Cèkli: Ênggih, barêng têkane anak dika wau kula malah ambênêri ontên ing omah dika, botên suwe dika banjur têng omahe Nyai Laba, barêngan karo kula.

Biyang Clili: Êmpun rujuk eling dika kambi eling kula, dawêg padha lumaku saniki.

Biyang Cèkli: Dawêg, nanging kula ajêng nginang dhisik.

Nyai Laba: Lho, dika Biyang Clili esuk-esuk têkan mriki.

Biyang Clili: Inggih, dhatêng kula punika badhe nêbus kandêlan kang wontên ing sampeyan.

Nyai Laba: Ênggih, mêngke kula jupukke. Lah niki napa pêndhoke, <146> eling kula olèh dika anggadhèkake biyèn dhèk sasi Pasa tanggal ênêm lupute tanggal ping pindho, ênggih tanggal ping têlu, itung kula sapriki êmpun sêwêlas sasi.

--- 76 ---

Biyang Clili: Angsal kula anggêntosakên kala tanggal ping 4 wulan Siyam, dintênipun Sêptu Paing, etang kula dumugi wulan Jumadilakir punika sawêg sêdasa wulan.

Nyai Laba: Luput itung dika niku, yèn Pasa sapriki êmpun sêwêlas sasi, dawêg dika itung dhewe.

Biyang Clili: Pasa, Sawal, Dulkangidah, Bêsar, Sura, Sapar, Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir. Sawêg sêdasa wulan nyai.

Nyai Laba: Sêpuluh sasi pisan, wong itung dika langkah sêsasi, Rabingulawal botên dika itung, mulud banjur dika candhakake têng Rabingulakir.

Biyang Clili: Sampeyan punika kadospundi nyai, Mulud kalih Rabingulawal punapa botên sami kemawon. Inggih Mulud inggih Rabingulawal.

Nyai Laba: Sing tutur sintên.

Biyang Clili: Kêlimrahanipun mêkatên. Yèn kados pêngetang sampeyan wau, dados sêtaunipun tiga wêlas wulan. Pripun bok ayu Cèkli bênêr kula, napa bênêr nyaine.

Biyang Clili: Sing êmpun kêlumrahan ênggih itung dika niku kang bênêr, Mulud kambi Rabingulawal niku padha mawon. Sasi siji jênênge loro, padhane sasi Sura <147> kambi Mukaram, Ruwah kambi Saban, Pasa kambi Ramêlan, Bêsar kambi Dulkijah utawa Dulkhaji. Punika nyai ingkang sampun kêlimrahan, etang sampeyan wau lêpat, Siyam dumugi Jumadilakir punika sawêg sêdasa wulan.

Nyai Laba: Napa mêkotên ta.

Biyang Cèkli: Inggih, mênawi sampeyan kirang pitajêng, mugi kamusawaratna.

Nyai Laba: Lah niku bojo kula têka, mêngko kula takokne, kyai, aku iki sasuwene rêbut udur karo Biyang Clili, prêkara olèhe anggadhèkake pêndhok mênyang aku, pênggadheku dhèk apa, tutug ing sasi Jumadilakir iki itungku wis sêwêlas sasi, Biyang Clili ngarani lagi sêpuluh sasi, iku bênêr sapa.

Kyai Laba: Bênêr sing ngarani sêpuluh sasi, pêngitungmu kêpriye, têka dadi sêwêlas sasi.

Nyai Laba: Pêngitungku mêngkene, Pasa, Sawal, Dulkangidah, Bêsar, Sura, Sapar, Mulud, Rabingulawal, Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir.

Kyai Laba: Lha kok dadi sêwêlas sasi, Mulude kapindhon, iya Rabingulawal iya Mulud.

Nyai Laba: Yèn mêngkono aku sing luput. Ênggih nyata bênêr dika, êmpun ta dika itung uwite lan bungahane, uwite pitung puluh lima, bungahane [bungaha...]

--- 77 ---

[...ne] <148> nyêtèngi sêsasi, itung kula sajroning sêpuluh sasi dadi têlung puluh sanga rupiyah gobang.

Biyang Clili: Botên ngantos sêmantên nyai, etang kula namung tigang dasa pitu langkung gangsal uwang.

Nyai Laba: Kêledhon dika niku, kula ajêng wêruh itung dika pripun.

Biyang Clili: Ingkang sêtèng-sêtèng kaping pitung dasa kemawon dados tigang rupiyah, langkung gangsal uwang, ingkang sêtèng-sêtèng kaping gangsal dados tiga tèng, yatra tiga tèng punika kawêwahan dhatêng ingkang gangsal uwang wau dados kêwolu tèng, dados yatra pitung dasa gangsal sarêmanipun sêwulan tigang rupiyah, langkung kêwolu tèng, ing dalêm sêdasa wulan gunggung tigang dasa pitu langkung gangsal uwang.

Nyai Laba: Têlung rupiyah ping sêpuluh pintên ta.

Biyang Clili: Tigang rupiyah kaping sêdasa dados tigang dasa rupiyah, napa botên mêkotên bok ayu Clili.

Biyang Cèkli: Ênggih.

Biyang Clili: Ingkang pitung uwang kaping sêdasa dados pitung dasa uwang, utawi pitung rupiyah gobang, kantun kang sêtèng-sêtèng kaping sêdasa, dados gangsal uwang, mila gunggunging sarêman tigang dasa pitu rupiyah, langkung gangsal uwang.

Nyai Laba: E ênggih, kula sing kêledhon.

Biyang Clili: Suwawi sampeyan widèni nyai.

Nyai Laba: Ênggih. Êmpun gênêp.

Biyang Clili: Mênawi sampun jangkêp, kula sampeyan lilani mantuk.

Nyai Laba: Ênggih. <149>

Biyang Cèkli: Kula sampeyan lilani mantuk, nyai.

Nyai Laba: Ênggih.

Biyang Clili: Tujune wau Kyai Laba têka tumuli, êmpuna mêkotên duga kula mawon botên enggal rampung, dika môngsa digugua, rak ditêrka ngiloni kula.

Biyang Cèkli: Ênggih mêkotên. Nanging kêjabane Nyai Laba okèh wong kang botên dhèngêr, yèn Rabingulawal niku padha kambi Mulud.

Biyang Clili: Tujune kula têka dhèngêr, êmpuna mêkotên, kêtêmpuhan bungahan sêsasi.

Biyang Cèkli: Napa pêndhok niku dede duwèk dika dhewe.

Biyang Clili: Dede, sing duwe Mas Ajêng Kawitana, êmpun wingi olèhe akon nêbus, nanging kula botên kobêr.

Biyang Cèkli: Êmpun bok ayu, kula ajêng mulih.

--- 78 ---

Biyang Clili: Ênggih.

42. samenspraak van twee Javanen, in Ngoko

Trunamênggala: Ênggonku mrene iki gawene rong prêkara, kang sêpisan nglari <150> sapiku, dhèk wingine digawa ing maling, kapindhone, arêp anjaluk gadarenamu, anakku wadon bakal dak êntas. Aku tukokna bakal sandhangane, tapih lan kêmbên kang rada bêcik, sêrta bêbêd lan ikêt bakal pêmapag.

Wiramênggala: Cêlathumu anjaluk gadarena iku, apa kowe anjaluk pêsumbang, apa bakal ngènèhi dhuwit, nyambat nukokake sandhangan. Yèn kowe nyambat, êndi dhuwite, mênawa kowe anjaluk pêsumbang iya ing saminatku bae, aja koarani mêngkono, sabab wong padha duwe anak dhewe-dhewe tur wis padha gêdhe lan amêsthi mikir wragad bakal pangêntase, kowe iya sumurup dhewe, yèn aku bakal duwe gawe, têka mêtu-mêtumu cêlathu anjaluk gadarena wong dhèknèn wêruh, yèn nganti ngabang bironi olèhku golèk bakal wragad. Paribasaning wong, anak karo sanak amêsthi abot anak.

Trunamênggala: Iyang, wong olèhku cêlathu durung tutug banjur kourugi kaya uwuh. Sapiku kang dak tuturake ilailang. kêmalingan mulih dhewe, dhèk mangkatku mrene mau, aku kêpapag sapiku ana ing Kêtandhan. Kiraku malinge digudag, awit pêdhète isih kari ana ing kandhang, wis lumrah sapi iku, yèn pêdhète isih cilik, ora kêna dipisahake.

Wiramênggala: Dhasar iya mêngkono, aku biyèn wis tau kêmalingan sapi sêpisan <151> pêdhète kari ana ing kandhang, antara rong dina sapi kang digawa ing maling iku mulih dhewe.

Trunamênggala: Dene bab jarit mau, ing sabisa-bisa aku bakal ngènèhi pêtukune mênyang kowe, nanging tukokna kang bêcik babarane, sukur olèh kang bêcik bathikane, aja kotukokake ing pasar, sabab kacok didol ing pasar akèh kang blocok. Kiraku iku bathikan ing Kauman, babarane cêbilak, yèn diênggo cok gêlis luwas.

Wiramênggala: Yèn kowe akon nukokake jarit kang bêcik, kêjaba bathikan kêraton ora nana, tanggaletunggale. kang kaagêm ing para bêndara, nanging rêgane larang, yèn muguhmungguh. bobote anakmu kêlarangên. Lah bok bathikan saliyane kêraton bae, anggêr bêcik babarane rak uwis.

Trunamênggala: Iya, kêjabane iku, aku golèkna silihan prabot [pra...]

--- 79 ---

[...bot] pêngantèn lanang wadon, sabab pêngantène lanang bakal disantrèkake, lan silihna gamêlan sêrancak.

Wiramênggala: Ora jamak kathik bakal nabuh gamêlan. Têka gêdhe têmên atimu, besuk têmuning pêngantèn bok kotanggapake reyog bae uwis. <152>

Trunamênggala: Ah, têka ngilang-ilangake brêngose sisih anjêlaprat mêngkene, mantu mung nanggap reyog, kêjaba yèn brêngose kakangamu wis loyop iku mantu ora kêlar nabuh gamêlan. Malah nèk bisa dak arah-arah nabuh gamêlan rong rancak pelog lan sêlendro.

Wiramênggala: Sukur, yèn kowe bisa mêngkono, aku iya bungah, bakal mantumu iku sapa.

Trunamênggala: Anake Kang Nalajaya, Kêmasan ing Kêtipès.

Wiramênggala: Wêruhku anake Si Nalajaya kang lanang mung siji, wis rabi olèh ing Kêmbanglampir.

Trunamênggala: Anake lanang loro, siji sing wis rabi olèh anake bêkêl ing Kêmbanglampir, sijine isih jaka, iku kang bakal dadi mantuku.

Wiramênggala: Gawene anakmu besuk apa.

Trunamênggala: Yèn sêlamêt, ing sasi Rabingulakir ngarêp iki.

Wiramênggala: Yèn mêngkono, bakal barêng karo gawene anakku si êbèng. Mungguh olèhmu arêp nabuh gamêlan rong rancak mau têmênan apa guyon.

Trunamênggala: Têmênan, aja kotampani guyon, peloge <153> aku dhewe kang bakal golèk, mung sêlendrone bae aku ambodhokake ing kowe.

Wiramênggala: Iya, mungguh iku wis kêna kopêsthèkake olèhe.

Trunamênggala: Dene dhuwit bakal pêtukuning sandhangan sesuk dak atêrake mrene dhewe, kiramu cukup pira.

Wiramênggala: Yèn kang sêdhêng, tapih siji, kêmbên siji, bêbêd siji, ikêt siji, têlung puluh rupiyah bae iya cukup, tapih lan bêbêd dak murwat nyêpuluh, ikêt lan kêmbên anglimang rupiyah.

Trunamênggala: Patang prêkara iku aku tukokna loro, nanging bathikane aja jumbuh.

Wiramênggala: Sing kojaluk bathikan apa.

Trunamênggala: Aku ora ngarani, môngsa bodhoa kowe, anggêre bêcik patut diênggo ing pêngantèn lan digawe pêmapag.

--- 80 ---

Wiramênggala: Lah iya yèn kowe ambodhokake mênyang aku, aku dhewe satêmêne ora pati dhèngêr ala bêciking bathikan. Kêjaba dak bubuhake mênyang adhimu bojoku. Lho si anak Singajaya têka, dene têka awan-awan, dêlênge kaya ontên gawene.

Singajaya: Inggih. Sowan kula ing sampeyan dipun utus dhatêng raka jêngandika bapak. Ingkang rumiyin angaturakên ingkang salam donga, kaping kalih, <154> mênawi andadosakên parênging galih sampeyan, raka jêngandika nyambut kagungan sampeyan kapal saprabotipun.

Wiramênggala: Ênggih, nanging prabote lagi esuk wau disilih têng kêwanuhan kula wong Cina Babah Ging Sèh. Si kakang ajêng têng pundi nganggo nyilih jaran.

Singajaya: Badhe dhatêng ing dhusun.

Wiramênggala: Têng desa ing pundi, lan ontên prêlune napa.

Singajaya: Badhe dhatêng dhusun ing Kricikan, têbasanipun raka jêngandika, punika bêkêlipun botên paos kang sêrta pogok.mogok.

Wiramênggala: Angkate si kakang besuk napa, lan si anak napa mèlu.

Singajaya: Mênawi angsal kapal inggih ing sêdintên punika, wondening kula botên tumut.

Wiramênggala: Kula awèh jaran kula disilih têng si kakang, nanging prabote botên ontên. Kêtrucut kula silihake wau, si anak rak bisa nyênyilih têng liyane.

Singajaya: Kados inggih sagêd. Mênawi sampeyan sampun parêng, kapal kenginga kula bêkta ing sapunika.

Wiramênggala: Ênggih. Kênthus, jaranku wêtokna.

Kênthus: Inggih. <155>

Singajaya: Mênawi sampun têrang, kula sampeyan lilani mundur.

Wiramênggala: Ênggih, taklim kula mawon têng si kakang.

Singajaya: Inggih.

Wiramênggala: Aku ambalèni cêlathu prêkara olèhmu bakal mêmantu, aku gumun ngrungu, dene Kêmasan ing Kêtipès bakal nyantrèkake anake, awit wonge kêlêbu sugih, yèn tinimbang karo kowe, isih sugih ing kana.

Trunamênggala: Maune dhasar sugih, apa kowe ora kêprungon yèn dhèwèke mêntas kobongan, barange êntèk kabèh.

Wiramênggala: Lho dhèk kapan olèhe kobongan.

Trunamênggala: Sêprene lagi ana rong sasi, elingku dhèk Sura tanggal tuwa, [tu...]

--- 81 ---

[...wa,] bojone ambênêri lara bangêt, yèn ajaa ana kang eling ngungsèkake, amêsthi mati dening gêni.

Wiramênggala: Aku lagi ngrungu saiki. Mungguh pênunggalane kang kobong apa akèh.

Trunamênggala: Omah kang kobong dhèk sêmana cacah molo têlung puluh ênêm. Omahe Si Jadôngsa iya kobong, nanging ora nganti êntèk, <156> awit barêng êmpyake kang sisih kidul kobong, banjur udan dêrês gênine sirêp.

Wiramênggala: Kowe mau apa wis mangan.

Trunamênggala: Durung.

Wiramênggala: Ayo padha mangan.

Trunamênggala: Ayo, wêtêngku dhasar wis ngintir-intir.

43. samenspraak van twee Javaansche vrouwen, in Kråmå en Madyå

Nyai Jasuta: Bok mas, anggèn sampeyan ambabar sinjang wingi, yèn siyos sampeyan kèn made, kula suwun sapunika, mupung ngajêngakên garêbêg, mangsanipun kathah tiyang dhusun ingkang sami dhatêng.

Bok Mas Nayatruna: Ênggih, ajêng kula kon ngêdol nyai, nanging ngêntèni wade kula ikêt lan kêmbên, kang dikêmpit têng biyang Klungsu, êmpun pêndhak dina niki dèrèng diulihake, sêrta dèrèng ontên tuture têng kula.

Nyai Jasuta: Ingkang wêsta biyang Klungsu punika sasumêrêp kula tiga, sêtunggil griya ing Pamotan, sêtunggil ing Kêmangkunêgaran, sêtunggil ing Wiragunan, tiga punika pundi ingkang ngêmpit kagungan sampeyan wade. <157>

Bok Mas Nayatruna: Kula botên wêruh omahe, wonge irêng burik, dhèk wingine kula kon nêrutus sarupaning warung, nganti sadina dhêg botên kêtêmu, tumuli ontên wong liwat padha caturan, yèn ing dalan sakiduling Grogol ontên wong wadon wuda ambêlêjêd grumutan ing pinggir dalan, dikira mêntas dikêcubung ing wong, ati kula kumêpyur, nèk niku biyang Klungsu.

Nyai Jasuta: Mangke ta, bok mas, kala wingi kula langkung ngajêngipun bango ing Gladhag ningali bakul sami thothit rubung, ingkang makaot tiyangipun cêmêng burik. Malah wontên bakul kang thothit wau sêtunggil wicantên: biyang Klungsu, yèn kowe arêp lunga, iya sakarêpmu, nanging wademu aja kogawa, tinggalên, yèn kowe durung nyaur bratumu, amêsthi iku dak cêkêl.

--- 82 ---

Bok Mas Nayatruna: O ênggih niku nyai, kula niki dadine kêtiwasan. Yèn mêkotên êmpun lumrah, bakul kang padha pêpara niku wêkasane dadi mujangan, awit tênagane padha kêna ing sibat. Wong golèk pangan têka salah wèng-wèng pijêr thothit mawon.

Nyai Jasuta: Inggih lêrês, bok mas. Sabab para bakul wau angkatipun saking griya enjing, mantukipun sontên sêrta têmtu sami ambêkta angsal- angsal bêtahing griya, môngka anggènipun wêwadean botên mêsthi pajêng, ingkang dipun damêl tumbas angsal-angsal wau, punapa botên yatra anggènipun nyênyambut utawi anggènipun mênang botohan. Mila lêpat-lêpat cok wontên ingkang sade awakipun <158> utawi dados boyongan.

Bok Mas Nayatruna: Ênggih nyai, wong padha dhêmên botohan niku, napa botên padha anduwèni kira-kira, yèn dirasa kêjujur, bênêre rak banjur wisan sing lumrah yèn kalah saya mêmanasi, utang-utang nyêngka bungahan ditêmpuh, sumêja amburu kalahe, kalahe botên kaburu, malah dhuwite olèhe utang-utang wau dhadhal, êmpun kalah, wuwuh kêlêbu ing utang, nanging têka kapok botên utang-utang malih dilakoni, wong mêkotên niku sêlokane: sulung alêbu gêni.

Nyai Jasuta: Inggih, bok mas. Sami-sami kêkarêman, tiyang nyêrèt kalih tiyang ngombe awis, kathah ingkang sagêd mêdhot sêrta lajêng kapok. Amung tiyang ingkang rêmên ngêbotohan, angèl pêdhot-pêdhotanipun.

Bok Mas Nayatruna: Bênêr cêlathu dika wau, nyai, kula êmpun wêruh wong kang mêkotên, malah rada mambu sanak kula, niku bangêt karême marang ngêbotohan. Ênggih kêrêp ngrayab lan êmpun kêrêp ditêbusi têng wong tuwa-tuwane, sêrta diwènèhi sandhangan. Nanging botên bisa kapok, wêkasan dadi dawa tangane, sanikine êmpun kondhe lan kathokan kalèt mawon, sanak-sanake êmpun padha botên ontên sudi kanggonan.

Nyai Jasuta: Kula inggih gadhah kêpenakan jalêr, sangêt karêm dhatêng botohan, <159> kêdadosanipun ing wêkasan inggih kados ingkang sampeyan cêriyosakên wau, nanging angsalipun amirangakên dhatêng sanak sêdhèrèkipun botên ngantos lami, awit sakit lajêng pêjah.

Bok Mas Nayatruna: Angur mêkotên nyai karo andêdawa wirang, kula bungah, yèn wong kang kula kandhakake têng dika wau nulia modar. Kula niki wau têka pijêr ngêtèprès mawon karo dika, êmpun ta, nyai, dika kula sambat, biyang Klungsu dika ajak mriki, saakal-akal dika amurih gêlême, yèn kêlakon gêlêm mriki, dika kula opahi sêrupiyah.

--- 83 ---

Nyai Jasuta: Inggih, kula sampeyan lilani mangkat.

Bok Mas Nayatruna: Ênggih nyai, êmpun tan botên dika arah gêlême mriki.

Nyai Jasuta: Inggih.

44. samenspraak van een Javaansch ambtenaar met een ondergeschikte uit het district Kadoewang, in Ngoko en Kråmå

Ngabèi Kêrtapati: Wiradôngsa, kowe apa padha sêlamêtan bae. <160>

Wiradôngsa: Pêngestu sampeyan mas ngabèi, inggih wilujêng, punika bala sampeyan tiyang èstri ambêktani angsal-angsal katur ing sampeyan wêrni gêndhis kadi sêrta kilang sêrêmbat.

Kêrtapati: Gula kadi iku apa, aku lagi ngrungu saiki.

Wiradôngsa: Kadi punika dangu ingkang sawêg mêdal sêpisan, lajêng dipun dèrès kadamêl gêndhis, gêndhisipun nama gêndhis kadi, wondening deresaning dangu ingkang mêdal kaping kalih utawi kaping tiga sêrta salajêngipun, mênawi sampun dados gêndhis, nama gêndhis arèn kemawon. Ingkang nama kilang punika godhogan lêgèning arèn ingkang têksih ragi cuwèr.

Kêrtapati: Apa omahmu ing Kêduwang akèh uwite arèn.

Wiradôngsa: Kathah, sami tuwuh piyambak, pundi wana ingkang kathah uwitipun arèn, amêsthi tiyangipun ingkang gadhah sami sêgêr. Sanèsipun saking punika, têtuwuhan ing wana ingkang kenging dipun têdha inggih kathah, punapadene pêsabinan ingkang kenging kailèn ing toya lèpèn, pêkolèhipun botên angèn môngsa, anggêripun adhangan kemawon.

Kêrtapati: Yèn mêngkono, tanah ing Kêduwang iku bangêt bêcike, nanging jarene macane pating sriwêt bae, iku apa nyata. <161>

Wiradôngsa: Inggih yêktos kathah, mênawi dalu asring saba dhatêng pemahan, têrkadhang nubruk sêgawon utawi andêkêp menda.

Kêrtapati: Têka wani-wanine wong ing kono iku padha saba ing alas utawa tunggu sawah.

Wiradôngsa: Inggih, tiyang sampun griyanipun. Wondening sabin wau, mênawi pantunipun sampun sêpuh, awis katêngga, amêrgi kasaba ing sima, dados cêlêngan tuwin bêbujêngan sanèsipun sami ajrih nyakêti pêsabinan.

Kêrtapati: Ah, yèn aku omaha ing kono, mênawa bêngi ora wani mêtu mênyang latar.

--- 84 ---

Wiradôngsa: Yèn mêkatên, kêkêndêlanipun ngambah wana tiyang jalêr ing nêgari ngriki wontên sangandhapipun tiyang èstri ing Kêduwang.

Kêrtapati: Ih iku ora ta, yèn kêkêndêlane bangsaku wong lanang kodokok sangisore wong wadon, aku ora awèh.

Wiradôngsa: Mêkatên anggèn kula mêstani wau, pêndugi kula tiyang jalêr ing ngriki yèn dipun kèn lumampah ijèn wontên ing wana agêng, têbihipun ngantos tigang pal, utawi kawan pal kados botên purun, mênggah tiyang èstri ing ngrika, bilih dhatêng ing pêkên kathah ingkang ijèn kemawon sêrta anggêgendhong, têbihing pêkên saking griyanipun wêtawis kawan pal utawi gangsal pal, têrkadhang ngantos lampahan sêwisan damêl.

Kêrtapati: Ah, wong mêngkono iku rak saking kêbutuhe, ora ana <162> bature, yèn mungguh aku, wong duwe batur iya amêsthi nganggo diiring ing wong, kang anggawa tumbak, bêdhil utawa pêdhang.

Wiradôngsa: Kêjawi ta mas ngabèi, tiyang sampeyan punika priyantun ingkang kula wicantên wau sêsaminipun tiyang alit.

Kêrtapati: Yèn wong kaya aku milu koarani jirih, amêsthi aku isin. Lah wong kang padha mênyang ing pasar mau apa ora ana kang cok ditubruk ing macan.

Wiradôngsa: Inggih asring wontên. Nanging inggih botên dados girisipun ing kathah, tekadipun sami bêgjan-bêgjan kemawon, awit tiyang ingkang sami dipun têdha ing sima punika sampun pêpêsthènipun piyambak-piyambak. Sênajan wontêna salêbêting griya, yèn dhasar julung, inggih saèstu kenging kêtubruk ing sima, kalih dening malih sima punika kêsagêdanipun namung andingkik. Mênawi abên ajêng botên purun.

Kêrtapati: Têka rubêd pêmikirku, dene wong ing Kêduwang iku ora ana mikir, amurih ilange pêkewuhe wong kang padha lumaku ing dalan lan ambudi sirnaning macan.

Wiradôngsa: Kadospundi anggènipun ambudi sirnaning sima, tiyang wana ngantos <163> lampahan sêdintên mêkatên. Wondening tiyang ingkang griyanipun têbih saking mêrgi agêng, mênawi dhatêng ing pêkên mêrginipun botên wontên sêdhêpa, sêrta tansah amiyak srompodan tuwin nusup ing bondhotan. Bilih môngsa rêndhêng, mêrginipun wêwah rungkub. Sabab wana glagahan tuwin kambêngan rayungan inggilipun langkung saking sêlandheyan, môngka rêmênanipun sima manggèn wontên ing srompodan tuwin bondhotan ingkang jêmbêk-jêmbêk, wondening tapak tuwin cakaran sêrta kosodaning sima punika samêrgi-mêrgi.

--- 85 ---

Kêrtapati: Yèn mêngkono, dadi saking uwis kulinane wong Kêduwang olèhe ngambah alas, mulane ora anduwèni kuwatir.

Wiradôngsa: Inggih, nanging sima punika ingkang galak akalihan botên, kenging dipun têngêri.

Kêrtapati: Têngêrane apa.

Wiradôngsa: Bilih cakaranipun ngalang mêrgi, punika saèstu simanipun galak, tiyang ing dhusun ngriku ingkang sumêrêp lajêng ambundhêli kambêngan tuwin anggawari, kêdamêl prêtôndha dhatêng têtiyang ingkang sami langkung, supados samia sumêrêp yèn wontên simanipun galak. Wondening bundhêlan kambêngan akalihan gawar inggih dados prêtôndha, yèn ngriku panggenan begalan. <164>

Kêrtapati: Mungguh wong kang padha liwat, andêlêng bundhêlan alang-alang lan gawar, dhèngêre kêpriye, yèn iku panggonan macan utawa begalan. Bedane apa.

Wiradôngsa: Botên wontên bedanipun. Namung kawêtawis kemawon pantês panggenan sima utawi papan pantês panggenan begalan.

Kêrtapati: Wong kang padha omah ing alas yèn duwe tanduran ana ing sawah utawa ana ing patêgalan apa ora ditunggu kaya wong ing tanah ngare, wong ing tanah ngare iku, yèn duwe tanduran amêsthi ditunggu rina wêngi, awit yèn bêngi kang cok ngrusak cèlèng, yèn rina manuk.

Wiradôngsa: Inggih mawi dipun têngga, witipun têtanêman ing wana, yèn pinarêng dipun saba ing cêlêngan, anglangkungi ing tanah ngare ngriki, ingkang botên kaambah ing cêlêngan punika, namung ingkang asring kêsaban ing sima, têrkadhang simanipun tumut api-api.

Kêrtapati: Milu api-api kêpriye.

Wiradôngsa: Tiyang ingkang sami têngga têtanêmanipun ing sabin utawi ing patêgilan, punika yèn dalu sami totor wontên sangandhaping ranggonipun, mênawi badhe tilêm inggih minggah ing ranggon, punika asring wontên sima tumut api-api.

Kêrtapati: Macane apa ora cok banjur nubruk wong kang totor mau. <165>

Wiradôngsa: Botên, awit mripatiing sima bêlolokên, amêrgi kêsulakan ing latunipun totoran.

Kêrtapati: Wonge kang totor iba olèhe anjêpluk.

Wiradôngsa: Inggih, mila tiyang têngga tanêman mripatipun tansah julalatan kemawon. Samôngsa aningali wontên ngrêgêmêng, saèstu enggal mènèk dhatêng ing ranggon.

--- 86 ---

Kêrtapati: Wong kang ana ing ranggon iku apa ora anggawa gêgaman lan apa ora banjur padha murih patine macan kang milu api-api iku.

Wiradôngsa: Sagadhah-gadhahipun inggih ambêkta dêdamêl, nanging botên purun amêjahi sima, pilalah dipun sawat ing kajêng kemawon kêpurih kesaha.

Kêrtapati: Yagene têka ora gêlêm matèni macan.

Wiradôngsa: Awit botên kuwawi yèn anyêmbadanana ijèn. Kaping kalih ajrih dhatêng kancanipun sami sima, samôngsa dipun pêjahi, botên wande kancanipun sami dhatêng malês ukum.

Kêrtapati: Mandah kaya tuturmu iku, dene têka kaya uwong duwe budi.

Wiradôngsa: Saèstu yèn mêkatên mas bei, môngsa ta gadhaha budi, ananging adatipun mêkatên. Mênawi wontên sima dipun pêjahi, pênunggilanipun sami <166> andhatêngi.

Kêrtapati: Lagi kiraku dhewe, iya macan dhasar pênuju arêp têka.

Wiradôngsa: Kula sumôngga ingkang dados pênggalih sampeyan.

Kêrtapati: Dhèngêre kêpriye, yèn kancane macan iku sumêja malês ukum.

Wiradôngsa: Mênawi wontên sima pêjah amêrgi dening tiyang, punika panggenaning bathang saèstu tapak sima lijig, tuwin pemahanipun ingkang mêjahi, inggih lajêng kêsaba, swaranipun pating gêlêrêng, punapa malih bilih wontên sima kenging ing bêkukung, sajawining bêkukung saèstu dipun dhongkèri, sumêja dipun gangsir supados ingkang wontên salêbêting bêkukung sagêda mêdal.

Kêrtapati: Apa macane kang ana sajroning bêkukung kongsi bisa mêtu.

Wiradôngsa: Botên, awit sima punika sukunipun cêndhak, môngka pathoking bêkukung pêndhêmipun lêbêt, dados pêndhongkèripun botên sagêd kandhas.

Kêrtapati: Mungguh sarupaning bêkukung alas kang rukun padha bangsane apa mung macan bae.

Wiradôngsa: Sasumêrêp kula, ingkang rukun sami bangsanipun, bantheng, sangsam, cêlêngan. Mênawi wontên kancanipun ingkang kenging dipun wisayani ing tiyang, kêtaton <167> ngantos rêbah, punika ingkang cakêt enggal sami ngrubung, sêrta sami andilati, anuntên sami andhosoki saking kiwa têngên saèmpêr kados kapurih ngadêga, lajêng kapipit saking kiwa têngên kabêkta sumingkir.

Kêrtapati: Apa wong ing kono ora ana kang cok padha kitêr.

Wiradôngsa: Inggih asring wontên, bilih sima anubruk tiyang utawi maesa, [mae...]

--- 87 ---

[...sa,] saèstu tiyang siti sami sêkala titir, andhatêngakên prapat, lajêng sami angitêri sima.

Kêrtapati: Aku yèn eling cêritane wong ing Bojanêgara lan wong ing tanah Pênolan, cok banjur gumuyu, sêmangsane ngitêr macan, wonge padha anggawa susug.

Wiradôngsa: Punapa inggih susug ingkang kêdamêl mêndhêt ulam ing lèpèn punika.

Kêrtapati: Iya.

Wiradôngsa: Kadospundi pratikêlipun dene susug dipun angge pirantos nyêpêng sima.

Kêrtapati: Mêngkene, wong kang kêpatah ambabadi grumbul iku bêkêl susug, ing burine nganggo dipayungi ing tumbak lan bêdhil. Sêmangsane ditêmpuh ing macan, banjur ditadhahi ing susug. Yèn êndhasing macan kêlêbu ing susug amêsthi nuli gêlimpangan bae, dadi gampang olèhe ngrampog. <168>

Wiradôngsa: Kula gumun sangêt dhatêng tiyang ingkang sami ngangge pirantos susug punika, têka tatag-tatagipun. Punapa ing Bojanêgari wau panggenanipun tiyang gondhok punika.

Kêrtapati: Dudu, panggonane wong gondhok iku ing Kêdhiri, alase aran ing Lodhaya, ing kono iku kêna koarani kêdhatoning macan.

Wiradôngsa: Kathahipun sima ing Lodhaya punapa nglangkungi ing Kêduwang.

Kêrtapati: Iya, mungguha panggonaning uwong, ing Kêduwang iku pêdesan, ing Lodhaya iku kêratone.

Wiradôngsa: Mênggah tiyang gondhok wau, punapa wradin sa- Kêdhiri sêdaya, iba anggènipun pating gêrendhol.

Kêrtapati: Ora, jarene mêngkene, ing kono iku ana grojogan mêtu saka ing cangkême rêca gondhok. Wong kang padha omah saurute kali kang mili saka ing rêca mau, akèh kang padha gondhok.

Wiradôngsa: Lah bok sami ngalih, sampun agêgriya ing ngriku.

Kêrtapati: Wong wis turun-tumurun omah ing kono lan ora mêsthi gondhok kabèh, mung yèn ana wong ngombe ing kali kang mili saka ing rêca mau, pênuju <169> ing dina Jumungah lan ing dina Anggara Kasih, iku amêsthi banjur dadi gondhok.

Wiradôngsa: Dèrèng sampun-sampun anggèn kula ngraos-ngraosakên dhatêng tiyang ing Kêdhiri wau, têka kêraos-kraosipun sami griya ing ngriku, ingkang [ing...]

--- 88 ---

[...kang] rumiyin kathah simanipun, kaping kalih yèn botên kêlêrêsan dados gondhok, yèn mênggaha kula sampun botên sotir griya ing ngriku.

Kêrtapati: Mêngkene sababe padha krasan mau, kêjabane wis turun-tumurun omah ing kono, lêmahe bêcik, banyune tumumpang, alase ômba, akèh raja pènine, sêrta cêdhak bêngawan gêdhe, mulane wonge akèh lan padha cukup-cukup.

Wiradôngsa: Wêrni punapa pèni-pèninipun isining wana ngriku.

Kêrtapati: Rupa kayu cêndhana, kayu timaha pèlèt, woh jênitri, pênjalin, gêndhon, malam, lancing, wiru, kayu sêcang, sapênunggalane kang rupa kayu akèh, mênjangan banthènge akèh, lan ing bêngawane akèh êmase, manuke prêkutut akèh kang gêdhe unine, kêjaba saka ing iku, isining alas akèh bae kang kêna diêdol utawa dipangan.

Wiradôngsa: Yèn mêkatên kenging dipun basaakên wana isi rajabrana, môngka malam sêrta lancêng punika ing nêgari ngriki pajêng sangêt awit sami kadamêl <170> nyêrat. Wondening kajêng cêndhana bilih agêng kadamêl wêrôngka dhuwung, mênawi alit wêrôngka waos, tatalipun dipun mahat kadamêl lisah, ampasipun kadamêl konyoh utawi ratus. Yèn mêkatên kula griya ing ngriku purun, nanging ingkang kula ajrihi bokmênawi gulu kula dados gondhok.

Kêrtapati: Mulane sasuwene padha caturan gondhok, gulumu sêdhela-sêdhela kotêkêm, jawane bangêt wêdimu yèn kêtularan gondhok.

Wiradôngsa: Inggih, tiyang kula ningali mawon kala rumiyin gila sangêt, pêngraos gulu kula kados mêndhêkêl. Mênggah woh jênitri wau kadamêl punapa.

Kêrtapati: Yèn wong ing kene mung digawe têsbèh, kang wani mêlarangi wong ing sabrang, jênitri kang sêgêgêm satus rêgane iya satus reyal. Kang gêdhe-gêdhe ora pati payu.

Wiradôngsa: Wêrtosipun kadamêl punapa.

Kêrtapati: Êmbuh, aku ora dhèngêr.

Wiradôngsa: Mila tiyang parêdèn utawi tiyang pêwanan yèn ngalih dhatêng tanah ngare botên wontên ingkang kraos, lajêng sami wangsul dhatêng parêdèn utawi pêwanan malih, tiyang ing tanah ngare yèn ngalih griya ing pêwanan utawi ing parêdèn lajêng sami kraos.

Kêrtapati: Iya dhasar mêngkono, dene yèn môngsa pacêklik, wong ing tanah ngare tulus olèhe padha luwe, yèn wong pêngalasan ora kongsi <171> padha luwe, anggêre gêlêm kangelan mênyang alas andhudhuk uwi, gêmbili, gadhung, [ga...]

--- 89 ---

[...dhung,] walur, suwêk, têmu, sapênunggalane pala kapêndhêm utawa gêgodhongan kang enak dipangan iya akèh, têrkadhang cok nêmu manggis, durèn, apadene nôngka.

Wiradôngsa: Yèn mêkatên, lêrêsipun kathah têtuwuhanipun manggis tuwin durèn wau, awit botên wontên ingkang ngundhuhi.

Kêrtapati: Bênêre iya mêngkono, nanging ora, sabab wijine êntèk padha dipangani ing buron alas kaya ta kêthèk, lutung, jêlarang, bajing, dalasan macan lan cèlèng padha doyan.

Wiradôngsa: Bilih durèn, anggènipun sagêd nêdha kadospundi, punapa botên kêcocok ing êri cangkêmipun.

Kêrtapati: Ora, sabab durèn iku samangsane wis matêng, amêsthi runtuh, banjur pêcah, dadi buron alas mau gampang pêmangane.

Wiradôngsa: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana dhatêng ing pondhok.

Kêrtapati: Iya.

45. gesprek van een heer met twee bedienden en een schoenmaker, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: <172> Sidin, kowe iku sabên-sabên yèn tak kongkon, mulih liwat saka ing antara, mung anggawa layang mênyang Tuwan Yakub bae nganti rong êjam suwene, amêsthi kowe salah wèngwèng manèh, kaya kang uwis kêlakon, nganggo mampir ing pasar utawa ing omahe bapakmu, yèn kowe uwis ora dhêmên ana ing aku, angur blakaa bae, aja gawe muring-muringku sêdina-dina.

Sidin: Kala wau kula botên mawi mampir-mampir, namung ngèstokakên dhawah sampeyan kamawon, angêntosi sawungunipun saudara sampeyan Tuwan Yakub. Mila ngantos dangu.

Tuwan Anu: Apa aku mau ora tutur mênyang kowe, yèn Tuwan Yakob turu, aja kok êntèni, layangku wèhna mênyang bature, kowe banjura mulih, sabab gawemu isih akèh.

Sidin: Pêmirêng kula wau mênawi Tuwan Yakob têksih sare, kula sampeyan dhawahi ngêntosi sawungunipun.

Tuwan Anu: Aku ora prentah mêngkono mênyang kowe, kowe sing salah pêngrungu, mulane besuk manèh yèn dak kongkon apa-apa rungokna sing <173> bêcik, supaya aja kêluputan utawa kurang luwih olèhmu nglakoni prentahku.

--- 90 ---

Sidin: Inggih tuwan, ing salajêngipun badhe kula atos-atos supados sampun ngantos manggih kalêpatan. Ing sêpisan punika kula nyuwun pêngapuntên sampeyan kemawon.

Tuwan Anu: Iya dak apura kowe. Kêpriye wangsulane Tuwan Yakub sawise anampani layangku.

Sidin: Kula sampeyan utus angaturakên sêrat dhatêng Tuwan Yakub, sampun katampèn piyambak, dhawahipun dhatêng kula, mangke jam sêdasa badhe mriki.

Tuwan Anu: Aku iki arêp takon ing kowe, dhèk sasi ing buri iki, olèhku ngêmin kaos putih ing Linglangan rolas pasang, saiki têka mung kari sêpuluh pasang, iku sing rongpuluh pasang ana ngêndi.

Sidin: Èngêt kula, ingkang kalih dasa pasang sampeyan têmpilakên dhatêng Tuwan Pit, ingkang sampeyan utus murugakên dhatêng dalêmipun inggih kula.

Tuwan Anu: E iya, aku sing kêlalèn. Lan manèh, kowe wingi apa wis mênyang omahe tukang sêpatu, anakokake olèhku akon gawe sêtiwêl.

Sidin: Sampun, sagahipun tigang dintên êngkas rampung, badhe kapurugakên mriki piyambak.

Tuwan Anu: Ana wong gawe sêtiwêl mung sêpasang, itungku saprene wis rongpuluh <174> wêngi durung dadi, kiraku ora digarap-garap, yèn digarapa, sêtiwêl sêpasang têlung dina bae iya rampung, apa ora nganggo kotakoni sababe, dene nganti lawas mêngkono.

Sidin: Inggih kula pitakèni, wangsulanipun: mila ngantos lami, awit mawi ngupados wêcucal ingkang sae, angsalipun sawêg kala winginipun kemawon, kalih dening bojonipun sakit.

Tuwan Anu: Ewuh têmên pêmikirku wong mêngkono iku, ana wong dadi tukang sêpatu ora duwe simpênan kulit. Bênêre barang-barang sing kanggo ing garapane uwis duwe.

Sidin: Lêrêsipun inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Besuk manèh kowe aja ngunda ngundang. tukang sêpatu iku, golèka liyane.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sêtiwêlku mung kari sêpasang, sing dak ênggo iki, ora bisa salin-salin, awit pênunggalane wis amoh kabèh, sarèhning bangêt butuhku, karêpku kowe saiki ngundanga tukang sêpatu liyane.

--- 91 ---

Sidin: Punapa kula lumampah ing sapunika.

Tuwan Anu: Iya, nanging dikêbat.

Sidin: Inggih. <175>

Tuwan Anu: Penjol.

Penjol: Kula.

Tuwan Anu: Olèhmu gawe wedang iki têka tipis têmên, ora kaya sabên. Iku sabab dening apa.

Penjol: Bubukipun sampun têlas, wau kula badhe matur ing sampeyan ajrih, awit sampeyan sawêg duka dhatêng pun Sidin. Sarèhning sampun siyang, dados kirang-kirang inggih kula godhog, saking ajrih kula mênawi andadosakên duka sampeyan.

Tuwan Anu: Sarèhne bubuke kurang saka ing takêre sabên, bênêre banyune kosêthithiki, kriyuke aja kokêbaki mêngkono, lah iku aku ora doyan, awit ora ana rasaning kopi, uwis buwangên, aku gawèkna êtèh bae.

Penjol: Inggih.

Tuwan Anu: Karodene, ing besuk manèh yèn kopi, êtèh, utawa gula kari sêthithik enggal tutura mênyang aku, aja kongsi lungse kaya saiki, aku iya wis kêrêp tutur mêngkono ing kowe, nanging ora kolakoni, pikirmu ana ngêndi, yèn kowe iku duwea garapan liyane, patut yèn lalia, gawene mung anggodhog wedang esuk lam sore. <176>

Penjol: Inggih tuwan, sampun lêrês kemawon dhawah sampeyan punika, kula ingkang kêlêpatan, ing sakathah-kathahipun kula nyuwun pêngapuntên, ing salajêngipun badhe kula atos-atos.

Tuwan Anu: Iya dak apura, uwis ta gawe wedang êtèh dikêbat, yèn uwis kowe banjur tukua kopi.

Penjol: Inggih.

Sidin: Kula sampeyan utus nimbali tukang sêpatu, sampun, punika dhatêng.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Aku gawèkna sêtiwêl têlung pasang, kulite sing bêcik, dadèkna ing pêndhak dina iki.

Tukang Sêpatu: Inggih, ananging kula botên sagêd nyampunakên ing pêndhak dintên punika, awit garapan kula kathah.

--- 92 ---

Tuwan Anu: Sêtiwêl sêpasang kogarap pirang dina.

Tukang Sêpatu: Mênawi botên kathah garapan kula, sêrta kula srêmpêng, sêpasang tigang dintên sampun.

Tuwan Anu: Uwis ta mêngkene bae, sêtiwêl têlung pasang iku sing sêpasang rampungna tumuli, sing rong pasang kêna kogarap tambanan. Awit aku butuh bangêt.

Tukang Sêpatu: Inggih, êmbèn sontên kula dadosakên ingkang sêpasang.

Tuwan Anu: Iya, sêpasange kowe anjaluk pira. <177>

Tukang Sêpatu: Kula andamêlakên tuwan-tuwan ing loji wetan akalihan ing loji agêng, sêpasangipun tigang dasa uwang.

Tuwan Anu: Iya bêcik, aku ora nganyang, nanging sing sêpasang rampungna tumuli, nêtêpana kaya saguhmu êmbèn mau.

Tukang Sêpatu: Inggih, mênawi parêng kula nyuwun kêrtas sêkêdhik kadamêl ukur.

Tuwan Anu: Sidin, anjupuka kêrtas sêthithik ing meja panulisanaku.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Kalih dening malih, mênawi andadosakên parênging galih sampeyan, kula nyuwun nyambut arta sêpêngaosipun sêtiwêl sêpasang kemawon, badhe kula damêl tumbas wêcucal akalihan ular-ular.

Tuwan Anu: Iya dak wènèhi sapênjalukmu, nanging kowe aja goroh.

Tukang Sêpatu: O, botên ilok tuwan, yèn kula doraa ing sampeyan. Mênawi êmbèn sontên kagungan sampeyan sêtiwêl sêpasang botên sampun, kula suka sampeyan gêbagi.

Tuwan Anu: Lumrah wong iku yèn duwe karêp, akèh kêsaguhane, samôngsa <178> wis kêtêkan karêpe, ora mikir mênyang kêsaguhane mau.

Tukang Sêpatu: Inggih sumôngga ingkang dados pênggalih, nanging kula botên mêkatên.

Tuwan Anu: Iya saujar-ujarmu, nanging satêmêne aku durung prêcaya mênyang kowe, awit wêtaraku kowe iku madati, kêtara lambemu biru.

Tukang Sêpatu: Pêjaha tuwan, yèn kula madatana.

Tuwan Anu: Sidin, tukang sêpatu iku wèhana dhuwit têlung puluh uwang.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Wis ta muliha, sêtiwêlku banjur garapên tumuli, êmbèn sore aku mêsthèkake dadine, ora susah aku kongkonan, atêrna mrene dhewe.

--- 93 ---

Tukang Sêpatu: Inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani mundur.

Tuwan Anu: Iya.

Penjol: Anggèn kula anggodhog wedang sampun, sêrta sampun kula cawisakên wontên ing meja.

Tuwan Anu: Iya, mêngko sêdhela aku mêtu. Kurang akèh olèhmu andokoki êtèh, kothake jupukên mrene.

Penjol: Inggih. <179>

Tuwan Anu: Kowe nuli anjaluka dhuwit mênyang Si Sidin, digawe tuku kopi.

Penjol: Inggih.

46. gesprek van een heer met een bediende een schoenmaker en een bode van een Pangeran, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: Meja panulisanaku iki ya gene kongsi wayah mene durung kosulaki kaya sabên.

Sidin: Kula wau mrêlokakên dhatêng griyanipun tukang sêpatu, amurugi kagungan sampeyan sêtiwêl, punapa sampun dados.

Tuwan Anu: Tukange sêpatu apa milu mrene.

Sidin: Inggih tumut.

Tuwan Anu: Undangên mrene, sêtiwêle sèlèhna ing kono bae, kowe banjur angrêsiki meja panulisanaku.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Kula nuwun.

Tuwan Anu: Kowe iku gawe sêtiwêl mung sêpasang, nganti têlu likur dina, kiraku kowe pijêr nyêrèt lan turu bae.

Tukang Sêpatu: Botên tuwan. Dipun sambêra ing gêlap sakal yèn kula <180> kados pêngandika sampeyan wau, mila ngantos lami mêkatên, yêktosipun saundur kula saking ngarsa sampeyan rumiyin, lajêng ngupados wêcucal botên pikantuk ingkang priyogi, saantuk kula bala sampeyan tiyang èstri kêtiwasan kêdhawahan bluluk sirahipun, ngantos dados tangisan, awit sêkêdhap-sêkêdhap botên èngêt. Dados kula mrêlokakên mulasara tiyang èstri anggènipun sakit ngantos pitulas dintên.

Tuwan Anu: Kiraku tuturmu iku goroh kabèh.

--- 94 ---

Tukang Sêpatu: Sampun ngantos amanggih wilujêng anak putu kula tuwan, yèn kula matura dora ing sampeyan.

Tuwan Anu: Iya uwis, prènèkna sêtiwêle, dak cobane.

Tukang Sêpatu: Inggih sumôngga.

Tuwan Anu: Sing kiwa iki rada anjêpit, kambi olèhmu gawe tungkakan kêdhuwurên.

Tukang Sêpatu: Mênawi sampun sampeyan agêm jangkêp kaping tiga, kados mantun anjêpit. Awit wêcucal enggal mêkatên sagêd mêlar, wondening tungkakan punika gampil anggènipun ngandhapakên.

Tuwan Anu: Pênggarapmu uwis lawas, barêng dadi ora kêbênêran, aku êmoh nganggo sêtiwêl sing nglarakake sikil. Uwis rêgane pira, ora <181> kêpenak anggone, owahana lan tungkakane èndhèkna.

Tukang Sêpatu: Ênggih.

Tuwan Anu: Kiramu apa nganti têlu likur dina manèh rampunge olèhmu ngowahi sêtiwêl sêpasang iku.

Tukang Sêpatu: Kêsangêtên tuwan. Benjing-enjing kemawon inggih sampun.

Tuwan Anu: Lah iya uwis, gawanên mulih.

Tukang Sêpatu: Inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani mantuk.

Tuwan Anu: Iya. Kulambiku putih apa wis ana kang rêsik.

Sidin: Sampun rêsik sêdaya sêrta sampun kasêtrika.

Tuwan Anu: Jupukên mrene dak dêlênge.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sing loro iki pating blêntong, layake kêna ing dubang, apa mau ora kopriksani.

Sidin: Tampi kula saking juru masuh sawêg punika kemawon dèrèng ngantos kula priksani kêsêlak sampeyan pundhut.

Tuwan Anu: Balèkna mênyang sing masuh, konên ngilangake.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Tuturmu mau wis rêsik lan uwis disêtrika kabèh, dene <182> iki isih kurang siji.

Sidin: Ingkang kirang sêtunggil punika bêdhah lêngênipun sêkêdhik, sawêg kula jrumatakên, mangke sêkêdhap kados sampun.

Tuwan Anu: Uwis, singgahna kabèh, siji iki tinggalên, arêp dak ênggo [êng...]

--- 95 ---

[...go] mêngko.

Sidin: Inggih. Punika wontên utusanipun Bêndara Pangeran Anu badhe kêpanggih piyambak kalihan sampeyan.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Utusan: Sowan kula ing sampeyan tuwan, dipun utus dhatêng saudara ijêngandika Bêndara Pangeran Anu, ikang rumiyin, matêdhakakên ingkang tabe, kaping kalih, anyaosakên dhahar sampeyan dhuku.

Tuwan Anu: Iya. Sidin, tampanana iku.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Kangjêng pangeran apa isih sugêng, lawas ora pinarak mrene.

Utusan: Kula nuwun, têksih sugêng, mila lami botên pinarak mriki, kados amêrgi saking sawêg kêpambêngan anggènipun ngêrsakakên yasa sêrat Babad Mêtawis. <183>

Tuwan Anu: Aturna tabe lan trima kasihku marang kangjêng pangeran, lan matura, mêngko sore yèn têrang aku tilik.

Utusan: Kula nuwun inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Iya.

47. gesprek van een heer met ee kleêrmaker, in Ngoko en Kråmå

Kêsiman: Kula sampeyan utus nimbali gêrji, sampun, punika dhatêng.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Kêsiman: Inggih.

Gêrji: Kula nuwun tuwan.

Tuwan Anu: Mulane kowe dak undang, arêp dak kon gawe kulambi, bakale sêngkêlat iki.

Gêrji: Inggih, punika pintên elo tuwan.

Tuwan Anu: Iku rong elo.

Gêrji: Mênawi kadamêl rasukan, kalih têngah elo kemawon cêkap, dados punika langkung sêtêngah elo.

Tuwan Anu: Lah, yèn digawe sruwal, rong elo iku cukupan bae apa luwih.

--- 96 ---

Gêrji: Mênawi cêlak sampeyan, inggih têksih langkung.

Tuwan Anu: Luwihe pira <184>

Gêrji: Inggih sêtêngah elo, mênawi panjênêngan sampeyan rasukan akalihan cêlana sami ngalih têngah elo, awit sampeyan andhap sêrta alit, dados langkungipun sêtêngah elo wau kêtanggêlan kadamêl rompi botên cêkap.

Tuwan Anu: Uwis gawenên kulambi bae, iki polane, mungguh dawa gêdhene manuta pola iku, wangune manuta sing dak ênggo iki.

Gêrji: Inggih, kêrsa sampeyan kula bêdhahi wontên ing ngriki, punapa kalilan kula bêkta mantuk.

Tuwan Anu: Bêdhahana ing omahmu bae.

Gêrji: Inggih, kalih dening rasukan ingkang sampeyan agêm punika kula suwun kadamêl pola.

Tuwan Anu: Iya, ênya.

Gêrji: Mênggah rasukan punika, kêrsa sampeyan mawi dipun rangkêpi punapa botên.

Tuwan Anu: Iya rangkêpana, aku duwe sutra biru têlung elo, yèn cukup iku gawenên rangkêpan.

Gêrji: Mênawi tigang elo inggih cêkapan kemawon, wonkênawontêna. langkungipun namung sêkêdhik, mila mêkatên awit sinjang songa punika botên wiyar kados sêngkêlat. Ingkang kalih têngah elo dados rangkêpan lêngênan kêkalih, <185> ingkang kalih têngah elo dados rangkêpan badan kiwa têngên akalihan ing wingking.

Tuwan Anu: Kêsiman, jupukên jarit sutra biru kang ana ing kamar kae, tumumpang ing kursi.

Kêsiman: Inggih.

Tuwan Anu: Lah iki apa rupane, uwis dak ukur ora kurang ora luwih têlung elo.

Gêrji: Inggih. Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Iya. Kêsiman, gêrji mau kiraku durung adoh, undangên bali, aku kêlalèn takon opahe.

Kêsiman: Inggih.

Gêrji: Kula nuwun.

Tuwan Anu: Mulane kowe dak undang bali, aku durung nganti takon opahe kulambi siji.

--- 97 ---

Gêrji: Inggih, mênawi rasukan sêngkêlat, ingkang sampun dados adat, epahipun gangsal rupiyah pêthak.

Tuwan Anu: Akèh têmên opahe, apa ora kêna kurang saka ing sêmono.

Gêrji: Kula ngladosi para tuwan-tuwan ing ngriki sêdaya, inggih sami maringi sêmantên.

Tuwan Anu: Lah iya uwis, nanging garapên tumuli. <186>

Gêrji: Inggih, mênawi botên wontên pambênganipun sakit, sêpêkên inggih sampun.

Tuwan Anu: Apa kowe ora bisa nguwisake besuk êmbèn.

Gêrji: Botên, tuwan. Awit kula anggarap cêlana kagunganipun saudara sampeyan Tuwan Kêlas.

Tuwan Anu: Lah iya uwis.

Gêrji: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Iya.

48. samenspraak van een heer met een Radèn Ngabêï en een bediende, in Kråmå en Ngoko

Tuwan Anu: Sampeyan wau punapa saking ing dalêm kemawon, saudara.

Radèn Ngabèi Paradata: Inggih, sowan kula ing sampeyan punika, ingkang sêpisan, awit lami botên pinanggih, kaping kalih badhe mintokakên sêrat aturan kula, ingkang badhe katur ing kangjêng tuwan residhèn, prêkawis gêgadhuhan kula siti dhusun ing Jêlag ingkang dipun bêkêli dhatêng saudara sampeyan Tuwan Yosèp. Etang kula sampun tempo, Tuwan Yosèp mêstani têksih kirang sêtaun.

Tuwan Anu: Pêngraos kula sampun têrang anggèn sampeyan damêl sêrat punika. <187>

Paradata: Mênawi sampeyan anggalih sampun têrang sêrta botên wontên ingkang kêkirangan, angkah kula badhe kula aturakên ing dintên benjing-enjing.

Tuwan Anu: Pêngraos kula inggih mêkatên, botên wontên ingkang kula waoni. Sidin.

Sidin: Kula.

Tuwan Anu: Anjupuka anggur asêm lan banyu Wêlônda.

Sidin: Inggih.

--- 98 ---

Tuwan Anu: Ing dintên punika tiyang Jawi tanggal kaping pintên, saudara.

Paradata: Tanggalipun kala Ngahad, dintên punika Kêmis, dados sawêg tanggal kaping kalih wêlas.

Tuwan Anu: Kênap kae jupukên mrene, inumane dokokna ing meja kono dhisik.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Kadohan olèhmu dokok kênap, cêdhakna mrene manèh, nuli inumane mau dokokna ing kene.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Kowe iku Sidin, bok iya nganggo ngrungokake prentahku, aku rak uwis kêrêp tutur ing kowe, yèn aku anjaluk anggur asêm kambi banyu Wêlônda, amêsthi nganggo gêlas dhepok karo gula bêbêkan, lah iki kowe anggawa gêlas cilik. <188>

Sidin: Gêlasipun dhepok sawêg dipun asahi.

Tuwan Anu: Enggalna olèhe ngasahi, lan gêlas cilik iku balèkna ing ênggone.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk anggur asêm akalihan toya Wêlandi saudara.

Paradata: Inggih.

Tuwan Anu: Sumpêle gêndul lan guci iku pocotana.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sumôngga saudara, sampeyan unjuk tumuntên, mumpung têsih kumrêngsêng, yèn sampun mantun kumrêngsêng botên patos eca.

Paradata: Inggih. Sêgêripun anglangkungi, sami-sami inuman, anggur asêm punika kula doyan piyambak.

Tuwan Anu: Kula inggih mêkatên, raosipun eca, botên ngêndêmi, Sidin, anjupuka srutu, olèhku tuku esuk mau.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Upête apa wis êntèk dene kowe anggawa tumpêr.

Sidin: Sampun têlas, kula kêsupèn tumbas. <189>

Tuwan Anu: Kowe iku barang-barang kêlalèn, tur kowe wis dak tuturi, yèn upête ngarêpake êntèk enggal tukua, aja ngêntèni saêntèke pisan, tumpêr iku saru ana ing pêjagongan. Suwawi êsês srutu, saudara.

--- 99 ---

Paradata: Inggih.

Tuwan Anu: Srutune têka dhêdhêl mêngkene Sidin. Aku wis ngêmpakake nênêm iki dhêdhêl kabèh salong ana sing nêlisip êmpane, iki olèhmu tuku ngêndi.

Sidin: Angsal kula tumbas dhatêng Cina ingkang ngadêgakên toko enggal, sawetanipun kêrêtêg agêng cakêt punika.

Tuwan Anu: Aku rak wis tutur mênyang kowe, aja cok tuku srutu mênyang Pêcinan. Tukua mênyang Tuwan Simon.

Sidin: Kula wau inggih sampun badhe tumbas dhatêng Tuwan Simon, ananging pênuju sampun têlas. Kula ngupados ing sanèsipun botên angsal, sarèhning kagungan sampeyan srutu sampun têlas, dados kula tumbas dhatêng Pêcinan.

Tuwan Anu: Pirang bêngkêk olèhmu tuku mau.

Sidin: Namung sêdasa bêngkêk, dados satus.

Tuwan Anu: Balèkna kabèh, kêjabane sing wis dakêmpakake iki. <190>

Sidin: Inggih.

Paradata: Angsal kula mêndhêt punika têka kêlêrêsan, botên dhêdhêl.

Tuwan Anu: Inggih, pêndugi kula ing sêbêngkêkipun namung sêtunggil ingkang sae, nênêm ingkang sampun kula êmpakakên punika dhêdhêl sêdaya.

Paradata: Kula sayêktosipun botên doyan srutu, ingkang sêpisan ampêgipun sangêt, kaping kalih aosipun kathah.

Tuwan Anu: Kula kala rumiyin inggih botên doyan. Wiwit kula doyan srutu kala kula kesah dhatêng Bêtawi kalihan Tuwan Karêl. Wontên ing mêrgi sangu kula linting têlas, kônca kula Tuwan Karêl wau nyukani srutu, ngantos dumugi ing Bêtawi kula udud srutu kemawon, wusana lajêng nyakot dumugi ing sapriki. Kêpriye Sidin, srutune kobalèkake apa ditampani.

Sidin: Inggih dipun tampèni, sêrta sampun kula bayar pisan pêngaosipun sêbêngkêk ingkang sampun saudara êsês punika.

Tuwan Anu: Eling-elingên ta, besuk manèh aja tuku srutu mênyang Cina iku utawa mênyang Cina liyane.

Sidin: Inggih.

Paradata: Kula sampeyan lilani mundur, badhe lajêng dhatêng Kawirêjan.

Tuwan Anu: Inggih.