Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 100-161)

Katalog:Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751
Sambung:
1.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 001-048). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #815.
2.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 049-099). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #816.
3.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 100-161). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #817.
4.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 162-200). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #818.

--- 100 ---

49. gesprek van een heer met een kleêrmaker en een schoenmaker, in Ngoko en Kråmå

Penjol: Kula matur ing sampeyan, punika gêrji dhatêng, ambêkta kagungan <191> sampeyan rasukan.

Tuwan Anu: Iya, konên mrene.

Penjol: Inggih.

Gêrji: Kula nuwun tuwan, kula nyaosakên kagungan sampeyan rasukan.

Tuwan Anu: Iya, prènèkna dakcobane. Wis kêbênêran kabèh olèhmu gawe, mung tanganane bae kêdawan sêthithik.

Gêrji: Kêrsa sampeyan kaêlongan sêpintên.

Tuwan Anu: Êlongana têka karo têngah nyari êngkas.

Gêrji: Inggih, mangke sontên kemawon kula saosakên.

Tuwan Anu: Iya

Gêrji: Kalih dening malih, kula nyaosakên lêlangkunganipun kagungan sampeyan sêngkêlat sêtêngah elo sêrta lêlangkunganipun sinjang sutra sêkêdhik, punapadene kagungan sampeyan rasukan ingkang kula damêl pola.

Tuwan Anu: Penjol, tampanana iku, sêngkêlat lan sutrane buntêlên <192> ing kêrtas banjur dokokna sadhuwuring bênèt.

Penjol: Inggih.

Sidin: Kula matur ing sampeyan, punika tukang sêpatu dhatêng, ambêkta kagungan sampeyan sêtiwêl.

Tuwan Anu: Apa iku tukang sêpatu, sing bojone kêtiban bêluluk sêrta sing doyan supata kae.

Sidin: Dede, punika tukang sêpatu sêtunggilipun, ingkang ngêmping arta tigang dasa uwang.

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Kula nuwun tuwan, kula nyaosakên kagungan sampeyan sêtiwêl sêpasang.

Tuwan Anu: Iya, prènèkna, dakcobane. Wis kêbênêran olèhmu gawe, ora ana sing dak cawadi, sing kari rong pasang banjur garapên.

Tukang Sêpatu: Inggih. Kalih dening mênawi parêng, kula mugi kaparingana nyambut arta malih sêpêngaosing sêtiwêl sêpasang kemawon.

--- 101 ---

Tuwan Anu: Sarèhne kowe nêtêpi basamu, aku iya gêlêm ngutangi manèh, mungguh sing kari rong pasang iku, besuk apa dadine.

Tukang Sêpatu: Mênawi botên wontên warilipun, benjang Jumungah dados sêdaya. <193>

Tuwan Anu: Apa Jumungah pêndhake dina iki.

Tukang Sêpatu: Inggih, pêndhakipun dintên Jumungah punika.

Tuwan Anu: Sidin, tukang sêpatu iku wènèhana dhuwit têlung puluh uwang.

Sidin: Inggih.

Tukang Sêpatu: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya.

50. samenspraak van een heer met een Javaansch ambtenaar, in Kråmå

Kêsiman: Kula matur ing sampeyan, punika wontên priyantun Jawi badhe sowan ing sampeyan.

Tuwan Anu: Jênênge sapa lan priyayi ngêndi.

Kêsiman: Duka sampeyan, kula sawêg sumêrêp ing sapunika.

Tuwan Anu: Takonana jênênge lan karêpe kêtêmu aku.

Kêsiman: Inggih. Kula sampun pitakèn dhatêng priyantun ingkang wontên ing jawi punika, namanipun Radèn Ngabèi Kawirêja, sowanipun ing sampeyan namung saking lami botên pinanggih. <194>

Tuwan Anu: Aturana lungguh dhisik, tutura aku lagi dandan, sêdhela êngkas aku nêmoni, lan kowe banjur anggodhoga wedang êtèh, mêngko ladèkna mênyang jaba.

Kêsiman: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa wilujêng, saudara, sampun lami kula botên pinanggih kalihan sampeyan.

Kawirêja: Pêngèstu sampeyan inggih wilujêng, mila lami botên sowan, kula kesah dhatêng dhusun. Bêkêlipun lênggah kula siti dhusun ing Worawari mogok botên paos botên lumêbêt garêbêg. Sampun kalih môngsa punika anggènipun botên ngladosakên paos, sarêng kula wêdali dhatêng dhusun, griyanipun kapanggih suwêng.

Tuwan Anu: Pêndugi sampeyan punapa kesah minggat.

Kawirêja: Kayêktosanipun inggih èstu mêkatên.

--- 102 ---

Tuwan Anu: Punapa kantênan purugipun utawi ingkang dipun ungsèni.

Kawirêja: Sawêg pawêrtosipun dhatêng tanah ing Sukawati, sawênèh mêstani dhatêng tanah ing Rêdikidul. Ananging sampun botên kula manah, bêkêl minggat inggih têtêp pocot saking kajêngipun piyambak.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan botên mawi ngaturi uninga ing pêrentah prêkawis <195> inggatipun bêkêl sampeyan wau.

Kawirêja: Inggih mawi, mênggah lampah kula mêdali dhatêng dhusun wau dede lêrêsipun. Nanging botên dados punapa, kalih dening sampun kula saidakên ing pêngètèr sêrta pêmogok tuwin inggatipun, rêdi tuwin mônca sêkawan mônca gangsalipun inggih sampun sami anêtêpakên ing kalêpatanipun tigang bab wau.

Tuwan Anu: Lêrêsing lampah kadospundi, mênawi wontên sêtunggiling bêkêl botên paos, botên lumêbêt garêbêg sêrta mogok.

Kawirêja: Lêrêsipun kula ngaturi uninga dhatêng wêdana kula ing pêmogokipun bêkêl wau, priyantun wêdana lajêng anglampahakên utusan dhatêng dhusun, amrêtelakakên prêkawisipun bêkêl ingkang mogok wau dhatêng rêdi agêng, ingkang dêrbe rerehan. Sarêng kapriksa ing rêdi yêktos ing pêmogokipun mufakat sakancanipun rêdi sêrta mônca sêkawan mônca gangsalipun, anuntên rêdi agêng wau amrêtelakakên kawrat ing sêrat dhatêng wêdana kula, angaturakên sakathahing prêkawisipun bêkêl wau, wêdana kula lajêng ngaturi uninga ing pêrentah sêrta nyuwun sêrat panguwasa, animbali bêkêl ingkang mogok.

Tuwan Anu: Mênawi dipun timbali ing pêrentah mêksa mogok kadospundi. <196>

Kawirêja: Mênawi katimbalan ing pêrentah mêksa mogok, lajêng kacêpêng, yèn bôngga ngamuk karampog ing kathah, bilih ngantos pêjah, kupingipun kairis katur ing pêrentah.

Tuwan Anu: Sabab dening punapa ingkang wau botên sampeyan tindakakên ing salêrêsipun.

Kawirêja: Sarèhning punika bêkêl lami sêrta dèrèng wontên kalêpatanipun, pêmanah kula badhe kula sumêrêpakên ing lampahipun ingkang botên lêrês, ing batos kula sampun amêsthèkakên mênawi badhe pinanggih saenipun, aliya saking mêkatên, kula botên rêmên prêkawisan. Mila angkah kula mênawi kenging, badhe kula rampungi piyambak.

Tuwan Anu: Mênggah arta paos ingkang dèrèng kaladosakên ing sampeyan dhatêng bêkêl ingkang minggat wau, punika kadospundi, punapa ical kemawon.

--- 103 ---

Kawirêja: Botên, ingkang ngisèni inggih ingkang anggêntosi kabêkêlanipun.

Tuwan Anu: Lênggah sampeyan siti dhusun ing Worawari wau ing dalêm sêpêsokipun mêdal paos pintên.

Kawirêja: Ing dalêm sêpêsokipun mêdal paos sêlawe reyal anigang dasa uwang. <197>

Tuwan Anu: Sampun lami kula badhe pitakèn ing sampeyan saêbab, ananging kêsupèn-kêsupèn kemawon.

Kawirêja: Kêrsa sampeyan badhe andangu punapa.

Tuwan Anu: Mênggah griyanipun patihing ratu ing Surakêrta ngriki, punika gadhahanipun piyambak punapa kagunganing ratu.

Kawirêja: Griyanipun patihing ratu punika kagungan dalêm ingkang sinuhun, mêkatên ugi griyanipun para bupati, sami kagungan dalêm sêdaya.

Tuwan Anu: Dados griyaning patih utawi bupati, mênawi ingkang ngênggèni kaundur utawi ngajal, botên dados meliking ahli warisipun.

Kawirêja: Botên, sintên ingkang kakêrsakakên anggêntosi lêlampahanipun ingkang kaundur utawi ngajal wau, inggih punika ingkang ngênggèni.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang tèh, saudara.

Kawirêja: Inggih. Kula wau sumadosan dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawithana,Kawitana. badhe sarêngan saos bêkti dhatêng kêpatihan, mênawi parêng kula sampeyan lilani mundur.

Tuwan Anu: Inggih.

51. gesprek van een heer met een Javaanschen schrijver, in Ngoko en Kråmå

Kacung: <198> kula matur ing sampeyan, punika wontên tiyang Jawi badhe sowan dêrbe atur ing sampeyan.

Tuwan Anu: Jênênge sapa lan wong ing êndi.

Kacung: Naminipun Sêstrawijaya, griyanipun ing Carikan.

Tuwan Anu: Ana gawene apa arêp kêtêmu aku.

Kacung: Aturipun badhe nyuwun pêdamêlan sêratan.

Tuwan Anu: Konên mrene.

Kacung: Inggih.

Sêstrawijaya: Kula nuwun tuwan, sowan kula ing sampeyan mênawi parêng

--- 104 ---

kula nyuwun pêdamêlan sêratan, kula dipun wêrtosi ing sêdhèrèk, yèn sampeyan ing sapunika ngêrsakakên nêdhak wêrninipun sêrat Jawi.

Tuwan Anu: Iya dhasar mêngkono, yèn tulisanamu bêcik, aku iya gêlêm awèh pêgawean.

Sêstrawijaya: Punika sêratan kula, mugi sampeyan pariksa.

Tuwan Anu: Tulisanamu durung pati bêcik, nanging cêtha sêrta ajêg, apa kowe lumaku ing gawe.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, botên.

Tuwan Anu: Mulane aku takon mênyang kono, sabab yèn kowe lumaku ing gawe amêsthi ora bisa ngêmungake anggarap pêgaweanaku.

Sêstrawijaya: Kêsinggihan pêngandika sampeyan, mila kula kamipurun matur nyuwun pêdamêlan ing sampeyan, ingkang sêpisan botên lumampah ing damêl, kaping kalih saking botên wontênipun ingkang kula têdha.

Tuwan Anu: Apa kowe uwis rabi.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, sampun, anak kula sampun sêkawan, têksih sami alit-alit.

Tuwan Anu: Apa maune kowe uwis tau lumaku ing gawe.

Sêstrawijaya: Dèrèng.

Tuwan Anu: Apa kowe isih duwe bapa biyung.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, bapa sampun botên gadhah, namung biyung kemawon.

Tuwan Anu: Bapakmu maune dadi priyayi apa.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, dados abdi dalêm lurah carik.

Tuwan Anu: Sabab dening apa kowe ora anggêntèni lêlakone bapakmu.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, mila kula botên anggêntosi lêlampahanipun bapa, awit kula dede anakipun ingkang sêpuh, wondening ingkang anggêntosi, <200> sêdhèrèk kula sêpuh, anama Ngabèi Dhadhapcalis.

Tuwan Anu: Kowe bakal dak wènèhi pêgawèan nurun layang Anglingdêrma.

Sêstrawijaya: Inggih sumôngga kemawon.

Tuwan Anu: Kacung, jupukên layang Jawa kang ana ing meja, sing samake abang.

Kacung: Inggih.

Tuwan Anu: Lah iki apa layange, kowe anjaluk opah pira.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, sumôngga ing saparing- paring sampeyan.

Tuwan Anu: Lah iku aja mêngkono, aranana, mêngko dak duga-duga,

--- 105 ---

patut lan orane pênjalukmu.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, kula botên sagêd mêstani, sumôngga ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Uwis ta mêngkene bae, kowe dak bayar padha kambi carik kang tulisane timbang karo tulisanamu, kêpriye.

Sêstrawijaya: Kula nuwun, sumôngga kêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Dene tulisanamu iki timbange karo tulisane Si Manguncitra, kang nurun layang Partayagnya. Besuk apa olèhmu tumapak. <201>

Sêstrawijaya: Kula andhèrèk ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Yèn kowe nyarah sakarêpku, wiwitana sesuk.

Sêstrawijaya: Inggih. Mênggah sowan kula wanci jam pintên.

Tuwan Anu: Kang padha nulis ing kene kabèh têkane esuk jam wolu, bubare awan jam loro, karêpku kowe mêngkonoa uga.

Sêstrawijaya: Inggih sêndika. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya.

52. gesprek van een heer met een timmerman, in Ngoko en Kråmå

Saridin: Kula matur ing sampeyan, kula sampeyan utus nimbali undhagêundhagi. sampun, punika dhatêng.

Tuwan Anu: Konên mrene.

Saridin: Inggih.

Undhagi: Kula nuwun, tuwan.

Tuwan Anu: Mulane kowe dak undang, aku arêp akon gawe kursi lan pêturon kayu sana. <202>

Undhagi: Bathènipun sampeyan napa sampun kagungan.

Tuwan Anu: Uwis, ana ing gêdhang sêlirang kana, pariksanên.

Undhagi: Inggih. Kagungan sampeyan kajêng sana sampun kula pariksa sae-sae sêdaya, namung bêlabag ingkang sêtunggil kathah socanipun.

Tuwan Anu: Sing akèh socane iku apa ora kêna diênggo.

Undhagi: Kengengipun mêkatên kenging, ananging botên priyogi, botên sagêd alus.

Tuwan Anu: Yèn mêngkono iya aja koênggo.

--- 106 ---

Undhagi: Inggih. Mênggah kêrsa sampeyan damêl kursi akalihan pêsarean pintên.

Tuwan Anu: Yèn cukup kayune, karêpku gawe kursi rong losin, pêturon siji, kêpriye kayu sêmono iku pêndugamu apa cukup.

Undhagi: Pêndugi kula inggih cêkapan kemawon, kiranga botên kathah.

Tuwan Anu: Kursi sêlosine kowe anjaluk opah pira.

Undhagi: Kula dèrèng sagêd matur, mênawi dèrèng sumêrêp wêrninipun ingkang badhe kadamêl pola.

Tuwan Anu: Sing bakal dak gawe pola kursi kang dadak. linggihi iki. <203>

Undhagi: Mênawi kados mêkatên, sêlosinipun kula nyuwun kawan dasa rupiyah pêthak.

Tuwan Anu: Akèh têmên pênjalukmu, kursi iki dhèk anyare sêlosine olèhku tuku mung sèkêt rupiyah, môngka kowe anjaluk patang puluh rupiyah, bakale saka ing aku.

Undhagi: Kêlêbêt mirah anggèn sampeyan ngêrsakakên tumbas sêmantên wau, kula inggih gadhah sêlosin ingkang kados kagungan sampeyan punika, kala wingi dipun awis suwidak gangsal rupiyah pêthak dhatêng saudara sampeyan Tuwan Pit, kula dèrèng suka.

Tuwan Anu: Lah kowe kudu pira.

Undhagi: Tawi kula pitung dasa gangsal rupiyah pêthak. Mênggah pênyuwun kula epah wau mugi sampeyan awis.

Tuwan Anu: Waniku mung awèh sêlawe rupiyah putih.

Undhagi: Nuwun kemawon.

Tuwan Anu: Wis ta, dak wuwuhi limang rupiyah, dadi têlung puluh kêpriye.

Undhagi: Mênawi parêng, kula nyuwun tigang dasa gangsal.

Tuwan Anu: Aku ora wani ngundhaki manèh, yèn kowe gêlêm sêmono iya bêcik. Yèn ora gêlêm iya uwis, aku bakal golèk <204> undhagi liyane.

Undhagi: Inggih sampun ta tuwan, kula sumôngga ing kêrsa sampeyan. Ananging kula gadhah pênyuwun kaparingana nyambut arta.

Tuwan Anu: Kowe anjaluk utang pira.

Undhagi: Mênawi parêng kula nyuwun tigang dasa rupiyah.

Tuwan Anu: Akèh têmên pênjalukmu, dhuwit sêmono iku prêlune arêp kogawe apa.

Undhagi: Prêlunipun badhe kula damêl tumbas graji agêng, sêrta kula damêl nyauri

--- 107 ---

sambutan kula.

Tuwan Anu: Limalas rupiyah bae apa ora cukup. Sêmôngsa pênggarapmu wis olèh sêlosin, aku anggênêpi têlung puluh.

Undhagi: Kêtanggêlan tuwan, botên cêkap.

Tuwan Anu: Lah iya, dak turuti sapênjalukmu, nanging pênggarapmu aja sêmbrana.

Undhagi: O, nuwun, botên yèn kula ngantosa sêmbrana.

Tuwan Anu: Saridin, undhagi iki wèhana dhuwit têlung puluh rupiyah ngrolas uwang.

Saridin: Inggih.

Tuwan Anu: Besuk apa olèhmu bakal wiwit anggarap. <205>

Undhagi: Benjing êmbèn kula tumapak. Ing sêdintên punika akalihan sêdintên benjing-enjing kula ngupados graji agêng akalihan ngupados bêrah anggraji.

Tuwan Anu: Lah iya.

Undhagi: Mênggah kêrsa sampeyan badhe damêl pêsarean wau kadospundi.

Tuwan Anu: Iya sida, nanging aku durung olèh polane, ing sêdina rong dina iki dak golèk dhisik.

Undhagi: Inggih. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya.

53. gesprek van een heer met een bediende en een Dêmang, in Ngoko en Kråmå

Tuwan Anu: Drana, iki jam pira.

Drana: Sawêg kèndêl tambur.

Tuwan Anu: Jaranku apa wis diabah-abahi.

Drana: Sampun.

Tuwan Anu: Banjur wêtokna, aku mangkat saiki, mumpung esuk.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Kowe wingi apa ora kêlalèn tuku srutu. <206>

Drana: Botên.

Tuwan Anu: Pirang bêngkêk olèhmu tuku.

Drana: Kalih dasa bêngkêk, dados kalih atus, kagungan sampeyan lami têksih sêbêngkêk.

Tuwan Anu: Srutu lawas sing kari sêbêngkêk prènèkna, dak kandhute dhewe, [dhe...]

--- 108 ---

[...we,] sing rongpuluh bêngkêk buntêlên ing kêrtas, lêbokna ing brokoh.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Ayo nuli mangkat mumpung esuk. Kowe dhisika karo kang mikul brokoh.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Panase bangêt, blêduge mulêk. Ayo Drana lèrèn sêdhela sangisoring randhu alas kae, aku arêp ngombe, ngêlakku bangêt.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Aku golèkna banyu adhêm sing rêsik.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Banyune têka buthêk mêngkene, apa kowe ora bisa golèk liyane.

Drana: Botên wontên sanèsipun. Tiyang ing dhusun ngriki botên gadhah sumur, ingkang dipun ombe toya lèpèn kemawon.

Tuwan Anu: Uwis balèkna, aku moh ngombe banyu buthêk mêngkono <207> yèn ana, aku angur tukokna dêgan.

Drana: Ing wande ngriku botên wontên tiyang sade dêgan, mênawi parêng, sampeyan kula aturi kèndêl ing griyanipun dêmang, tingal tulakula. uwitipun kêlapa kathah, mênawi sampeyan kêrsa mundhut, amêsthi dipun saosi.

Tuwan Anu: Ngêndi omahe dêmange.

Drana: Punika, ingkang ngajêng wontên uwitipun asêm kêkalih.

Tuwan Anu: Apa uwit asêm gêdhe loro kae.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Prènèkna jaranku, ayo lèrèn ing kana sêdhela, kowe banjur tukua sukêt, jaranku warêgana.

Drana: Inggih.

Tuwan Anu: Dêmange sing êndi Drana.

Drana: Punika ingkang ngangge rasukan pêthak.

Tuwan Anu: Dêmang, têkaku mrene, mung arêp lèrèn ing omahmu sêdhela, lan arêp anjaluk banyu ngombe.

Dêmang: Sumôngga sampeyan têdhak, pinarak ing lêbêt.

Tuwan Anu: Aku mau lèrèn ana sangisoring randhu alas ing kana, bangêt <208> ngêlakku, baturku dak kon golèk banyu ora olèh kang rêsik, dadi aku ora sida ngombe.

Dêmang: Sumôngga, punika toya. Tiyang ing dhusun ngriki ingkang griya cakêt [cakê...]

--- 109 ---

[...t] lèpèn, awis-awis gadhah sumur, ingkang dipun ombe utawi kadamêl mêmasuh, toya lèpèn kemawon.

Tuwan Anu: Banyumu iki bêning, sêrta adhêm.

Dêmang: Punika toya sumur. Kamipurun kula matur, sarèhning dèrèng sumêrêp, sampeyan saking pundi sêrta kêrsa tindak dhatêng pundi.

Tuwan Anu: Aku saka ing Sala arêp mênyang Madiun.

Dêmang: Angkat sampeyan saking nêgari wau wanci punapa.

Tuwan Anu: Angkatku dhèk tambur.

Dêmang: Kêlêbêt dangu rawuh sampeyan ngriki.

Tuwan Anu: Iya, awit olèhku lumaku ing saenake bae, iki wayah apa.

Dêmang: Punika ngajêngakên wisan damêl. Punapa sampeyan mangke lajêng kemawon, botên kêrsa nyare ngriki.

Tuwan Anu: Ora, dêmang, aku ora nginêp ing kene, samangsane jaranku wis warêk, aku nuli mangkat. <209>

Dêmang: Mênawi sampeyan botên kêrsa nyare, mugi parênga kula saosi dhahar.

Tuwan Anu: Bangêt trimaku, dêmang, aja dadi atimu, aku ing saiki nampik pêsuguhmu, yèn isih padha ginanjar sêlamêt, besuk aku kêtêmu manèh karo kowe, lan aku sumêja nginêp ing omahmu, ing saiki maklumu bae sing dak jaluk.

Dêmang: Kula sumôngga ing sakêrsa sampeyan, nanging manah kula cuwa, dene sampeyan botên kêrsa kula saosi dhahar, wondening sampeyan ing benjing badhe pinarak malih dhatêng griya kula, sakêlangkung bingah kula, sêrta kula ngajêng-ajêng ing kayêktosanipun.

Tuwan Anu: Sênajan aku ora nganti mangan ing omahmu, anggêpku pêsuguhmu prêsasat wis dak tampani.

Dêmang: Sumôngga, sampeyan ngunjuk wedang tuwan.

Tuwan Anu: Iya.

Dêmang: Adhi, bok dika lungguh ngriki ta, titihane tuwan wong êmpun ontên kang nunggoni.

Saridin: Inggih.

Dêmang: Dawêg, dika ngombe wedang yèn êmpun nuli nginang.

Saridin: Inggih.

Dêmang: Bêndara dika niku kêkasihe sintên lan dadi priyayi napa.

--- 110 ---

Saridin: Wêstanipun bêndara kula Tuwan Yakub, lênggahipun Upsindêr. <210>

Dêmang: Tanduke bêndara dika niku alus, kula eram têrang lan cêthane olèhe ngandika cara Jawa. Olèh dika dhèrèk têng tuwane napa êmpun lawas.

Saridin: Angsal kula andhèrèk dhatêng tuwan sampun wontên nêm taun.

Tuwan Anu: Dêmang, wêrtane dalan sing mênyang Madiun iku gawat, apa nyata.

Dêmang: Kala rumiyin inggih mêkatên, ananging ing sapunika botên, tiyang lêlampah siyang utawi dalu sampun botên mutawatosipun.

Tuwan Anu: Dadi ing saiki wis ora ana mutawatire ing bab begalan.

Dêmang: Botên.

Tuwan Anu: Bumi desa kang kodêmangi iki arane ngêndi, cacah pira lan milu sapa.

Dêmang: Wêstanipun dhusun ing Krawitan, damêlipun tiyang kawan dasa, dados sêdasa jung, lênggahipun Bêndara Pangeran Anu.

Tuwan Anu: Kang dadi patuhmu pira.

Dêmang: Ingkang dados patuh kula namung sajung sêkikil.

Tuwan Anu: Bumi sêpuluh jung iku pajêge pira.

Dêmang: Paosipun mêdal jung gangsal wêlas reyal, paos ing dalêm sêtaun. <211>

Tuwan Anu: Olèhmu dadi dêmang apa wis lawas.

Dêmang: Etang kula sampun wolulas taun punika.

Tuwan Anu: Saridin, jarane yèn wis warêg ajokna mrene, aku nuli mangkat.

Saridin: Inggih.

Tuwan Anu: Dêmang, aku arêp mangkat saiki, pêmujiku, muga aku bisaa tumuli kêtêmu manèh karo kowe.

Dêmang: Inggih, kula andhèrèkakên wilujêng, mugi-mugi kasêmbadana kêrsa sampeyan badhe pinarak malih ing griya kula.

54. tafelgesprek van een heer met een Radèn Ngabêï en een bediende, in Kråmå en Ngoko

Sambiya: Kula matur ing sampeyan, dhaharanipun sampun sêdhiya.

Tuwan Anu: Iya. Sope kurang uyah, êndi uyahe.

--- 111 ---

Sambiya: Punika.

Kêsiman: Kula matur ing sampeyan, punika Radèn Ngabèi Widayaka dhatêng. <212>

Tuwan Anu: Aturana mêlêbu.

Kêsiman: Inggih.

Tuwan Anu: Sambiya, ing kono dokokana kursi piring loro, sendhok porok lan lading, apadene gêlas dhepok lan gêlas cilik.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan lumêbêt, saudara.

Widayaka: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan pinarak ing ngriku, suwawi sami nêdha.

Widayaka: Inggih.

Tuwan Anu: Tingal kula rawuh sampeyan punika wontên prêlunipun, dene têka siyang-siyang.

Widayaka: Inggih wontên prêlunipun sêkêdhik, mangke kemawon kula matur.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan wijik, saudara. Kula mênawi nêdha piyambak botên patos eca kados yèn wontên kanthinipun, apêsipun sêtunggil kathahipun tiga utawi sêkawan.

Widayaka: Dados sowan kula ing sampeyan punika kalêrêsan.

Tuwan Anu: Inggih, kalêrêsan sangêt, suwawi sampeyan dhahar sop rumiyin.

Widayaka: Inggih nuwun. <213>

Tuwan Anu: Mênawi kula, sopipun kirang sarêm.

Widayaka: Dhasar inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Lah punika sarêm, kula aturi mundhut piyambak. Sambiya, sêmur bèbèk iku prènèkna, dak iris-irise.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Ladinge têka kêthul mêngkene, amêsthi mau durung diasah, anjupuka liyane sing landhêp.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Sing duwe garapan ngasah lan ngrêsiki sapa.

Sambiya: Pun Krama, wau inggih sampun kula sukakakên dhatêng pun Krama, kula kèn ngasah.

Tuwan Anu: Besuk manèh, sarupaning lading sadurunge kocawisake ing

--- 112 ---

meja, priksanên dhisik, landhêp lan orane.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Suwawi saudara, punika ulam gramèh, eca kadhahar akalihan kênthang sêrta mêrtega.

Widayaka: Inggih, nuwun. Para agêng ing sapunika kathah ingkang tiru-tiru para tuwan-tuwan, mênawi pênuju wontên damêl kêsukan nêdha eca, mawi dhahar ulam gramèh akalihan kênthang sêrta mêrtega, dhasaripun eca.

Tuwan Anu: Ulam gramèh punika wêdalan ing pundi saudara.

Widayaka: Sawêg pawêrtosipun wêdalan ing lèpèn Oya. <214>

Tuwan Anu: Kêsiman, piringe radèn ngabèi iku salinana, aja kowe pijêr ngadêg anjêjêr bae. Suwawi saudara, ulam kambangan sampeyan kula irisakên dhadha mênthokipun.

Widayaka: Inggih nuwun. Tiyang Jawi damêl sêmur botên sagêd eca mêkatên.

Tuwan Anu: Kados saking dèrèng sumêrêp bumbunipun utawi kathah kêdhiking bumbu, mênawi kaduk ing salah sêtunggil, inggih botên eca.

Widayaka: Kados inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk anggur, saudara.

Widayaka: Sumôngga.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan ngêrsakakên ngunjuk êbir.

Widayaka: Nuwun, botên.

Tuwan Anu: Suwawi, punika sambêl gorèng èbi.

Widayaka: Inggih, nuwun.

Tuwan Anu: Sambiya, rotine prènèkna, dak iris-irise.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa ngêrsakakên dhahar roti, saudara.

Widayaka: Inggih.

Tuwan Anu: Sumôngga, mêrtegane cêdhakna mrene Sambiya, sakèjune pisan.

Widayaka: Kula punika doyan sangêt nêdha roti akalihan mêrtega mawi kèju, ananging nisir kèju têka botên sagêd lêmbat, asring pating krowal utawi pating brucèl.

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, kula sisirakên.

Widayaka: "Inggih. Lho, panjênêngane tuwan olèhe nisir rikat sêrta lêmbut-lêmbut, yèn aku anisir kaya mêngkono, amêsthi pating brucèl [bru...]

--- 113 ---

[...cèl] luput-luput darijiku kêpègès.

Tuwan Anu: Suwawi, saudara.

Widayaka: Inggih, nuwun. Kèjunipun anglisah, asinipun dawêg, kula rumiyin tumbas sêtunggil, nanging agêngipun botên sêmantên, udakawis namung sêcêngkir ingkang ragi agêng, asinipun têka nglangkungi, kula namung nêdha kawan iris, sadintên ngêlak kemawon.

Tuwan Anu: Kèju alit kados ingkang sampeyan pêngandikakakên punika, botên patos sae, botên ngungkuli ingkang agêng, pênunggilanipun ingkang sampeyan dhahar punika. <216>

Widayaka: Punika anggèn sampeyan ngêrsakakên tumbas pintên.

Tuwan Anu: Kalih wêlas rupiyah.

Widayaka: Sampun pantês kemawon mênawi eca, awit aosipun kaot kathah akalihan anggèn kula tumbas.

Tuwan Anu: Suwawi dhahar jêram, saudara.

Widayaka: Inggih, nuwun. Punika jêram Pacitan tulèn.

Tuwan Anu: Kula dèrèng sagêd angyêktosi utawi dèrèng sumêrêp bedanipun jêram Pacitan ingkang saking tanah Pacitan akalihan ingkang wêdalan ngriki kemawon.

Widayaka: Kêtawis kemawon, saudara, ingkang wêdalan ing Pacitan, kulitipun alus sêrta tipis. Ingkang wêdalan ngriki, kulitipun botên alus sêrta kandêl. Kalih dening lêginipun inggih kaot. Lêgi ingkang saking Pacitan.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa.

Widayaka: Sawêg pêndugi kula kabêkta saking siti, mêkatên ugi jêram gulung wêdalan ing tanah Kaduwang, kados kalihan ingkang wêdalan ngriki.

Tuwan Anu: Anggèn sampeyan dhahar punapa sampun.

Widayaka: Sampun, tuwuk kula sangêt. <217>

Tuwan Anu: Suwawi sami lênggahan wontên ing èmpèr.

Widayaka: Sumôngga.

Tuwan Anu: Sambiya, anjupuka srutu lan upêt.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Kênap cilik kae prènèkna, wadhahe srutu lan wadhahe upêt dokokna ing kono.

Sambiya: Inggih.

Widayaka: Gombak, lopak-lopake prènèkna.

--- 114 ---

Gombak: Inggih.

Tuwan Anu: Ing sapunika mugi sampeyan pêngandikakakên ingkang dados prêlunipun ing kêrsa sampeyan wau.

Widayaka: Inggih, prêlunipun sowan kula ing sampeyan punika, mênawi parêng, badhe nyuwun nyambut kagungan sampeyan kreta, sarakitan kusir prabotipun.

Tuwan Anu: Badhe sampeyan agêm dhatêng pundi, dene têka dingarèn, sampeyan nyambut kreta.

Widayaka: Dede kula piyambak ingkang badhe ngangge, sayêktosipun kula punika dipun têdhani pitulung dhatêng sêdhèrèk ing Suradilagan. Punika mantu, benjing-enjing sêpêkêning pêngantèn, badhe kaundhuh dhatêng griyanipun. Kula kapopohan nyambut-nyambutakên kreta, badhe tumpakanipun pêngantèn wau.

Tuwan Anu: Benjing-enjing wanci punapa kanggenipun ing kreta. <218>

Widayaka: Mênawi sampeyan sampun parêng, kagungan sampeyan kreta kula suwun wanci asar, kajujugna dhatêng griya kula.

Tuwan Anu: Inggih. Sambiya, si kusir undangên mrene.

Sambiya: Inggih.

Tuwan Anu: Kusir, kretaku sajaran prabote disambut mênyang Radèn Ngabèi Widayaka, sesuk wayah asar gawanên mênyang dalême radèn ngabèi, sing ngusiri iya kowe.

Kusir: Inggih.

Widayaka: Angsal kula ngupados sambutan kreta sampun kala winginipun botên angsal, sarèhning sampun rumaos kuwêkèn ing pêngupados, mila kula kamipurun matur ing sampeyan.

Tuwan Anu: Ingkang mantu punika punapa sêdhèrèk sampeyan sayêktos.

Widayaka: Dede, dados sêdhèrèk nak-sanak, awêsta Ngabèi Jayagupita.

Tuwan Anu: Angsal ing pundi anggènipun mantu.

Widayaka: Angsal anakipun abdi dalêm lurah gandhèk, awêsta Radèn Ngabèi Wimbasara.

Tuwan Anu: Sampeyan punapa botên ngêrsakakên êsês srutu. <219>

Widayaka: Botên, kula botên tahan ampêgipun. Mênawi sampeyan kêrsa sare, kula mugi kêlilana mundur.

Tuwan Anu: Mênawi siyang, kula botên nate tilêm, namung tilêman kemawon [kema...]

--- 115 ---

[...won] sêkêdhap, ewadèntên mênawi badhe kondur, kula sumôngga.

Widayaka: Inggih, kula lajêng badhe kintun sêrat dhatêng Suradilagan, suka uninga mênawi sampun angsal kreta, supados sampun ngantos dados pêngajêng-ajêng.

55. gesprek van een heer met een bediende en een stalknecht, in Ngoko, Kråmå en Madyå

Tuwan Anu: Krama, jaranku dhawuk konên ngabah-abahi, aku arêp têgar, nuli jaranku dragêm konên mêtokake, diidêr-idêrna supaya bigara, awit wis lawas ora dak tunggangi.

Krama: Inggih. Punika titihan sampeyan dhawuk sampun kaabah-abahan sêrta sampun wontên ing jawi. <220>

Tuwan Anu: Iya, sêdhela aku mêtu. Olèhe ngêtrapake kêndhali kuwalik. Bênêrna, sing malêngkung iku ana ngarêp.

Krama: Inggih. Wau pun Samad sampun kula sanjangi yèn kuwalik, nanging kêngkêng mêstani botên. Wicantênipun mênawi ngêtrapakên kêndhangsul Wêlandi, wêsi ingkang malêngkung punika wontên ing wingking.

Tuwan Anu: Kêjaba sing nunggang wong edan, iku êtraping kêndhali kaya mêngkono kiraku Si Samad lagi iki wêruh rupaning kêndhali Wêlônda. Ulur-uluring sônggawêdhi kêcêndhakên, udhuna rong cocoh êngkas.

Krama: Inggih.

Tuwan Anu: Ambêne kêncêngna manèh, lapake isih bisa mingar-mingêr lan tali uwange kêndhokna sêthithik.

Krama: Inggih.

Tuwan Anu: Warahên Si Samad, jaran dragêm iku aja dilêbokake ing gêdhogan tumuli, ngêntènana saulihku têgar.

Krama: Inggih. Kang Samad, dhawuhe tuwan, jaran dragêm niku êmpun dilêbokake ing gêdhogan tumuli, ngêntènana sakondure tuwan.

Samad: Inggih.

Krama: Bênêr tutur kula têng dika wau, yèn olèh dika angêtrapake kêndhali kuwalik. Wêsine sing malêngkung nika bênêre ontên ngarêp. <221>

Samad: Dhèk kula melu Tuwan Kêlas biyèn, eling kula yèn ngêtrapake kêndhali Wêlônda, wêsine sing malêngkung nika inggih ontên ing buri.

Krama: Kira kula mawon, dika sing kêlalèn.

Samad: Layake ênggih mêkotên.

--- 116 ---

Tuwan Anu: Olèhmu ngidêr-idêrake jaran iku mau nganti têkan ngêndi.

Samad: Ngantos dumugi ing alun- alun.

Tuwan Anu: Yagene tracake ora kokon natahi, nganti padha anjêbrèt mêngkono.

Samad: Tukangipun natahi sawêg sakit.

Tuwan Anu: Apa ora ana tukang natahi liyane, kêjaba mung siji iku.

Samad: Kados inggih wontên.

Tuwan Anu: Kowe dhewe apa ora bisa natahi.

Samad: Mênawi wontên pirantosipun, kados inggih sagêd, awit kula sampun kêrêp ningali.

Tuwan Anu: Pirantine apa.

Samad: Tatah, patar, pangot, gandhèn.

Tuwan Anu: Sesuk kowe dak wènèhi dhuwit, tukokna pirantine natahi tracak jaran.

Samad: Inggih.

Tuwan Anu: Gigire jaran iku têka mêlicat, iku sabab dening apa. <222>

Samad: Punika kenging ing kêrok, awit anggèn sampeyan maringi kêrok enggal, landhêpipun anglangkungi.

Tuwan Anu: Kowe wêruh yèn landhêp, bênêre pangêrokmu nganggo koarah-arah, aja nêtêp-nêtêp.

Samad: Kula botên sumêrêp mênawi landhêp mêkatên. Kalanipun sampeyan paringakên, botên ngantos kula pariksa, lajêng kula kêrokakên kados sabên. Pêmanah kula botên sanès akalihan kêrok damêlan Jawi, sarèhning ing sapunika kula sampun sumêrêp, salajêngipun inggih kula akah-angkah.angkah-angkah.

Tuwan Anu: Karodening manèh, jaran iku têka ora bisa lêmu-lêmu, apa pangane kurang.

Samad: Mênawi têdhanipun, pêngraosing manah kula botên kirang, sêrta rumputipun sae-sae, wingi sawêg kula jampèni.

Tuwan Anu: Kojamoni apa.

Samad: Kula jampèni gadhung bênêman, kula wênyêt akalihan wêlirang, mawi sarêm sêkêdhik.

Tuwan Anu: Apa iku jamune nglêmokake jaran.

Samad: Inggih.

Tuwan Anu: Jare gadhung wêlirang iku jamu lêluntur. <223>

--- 117 ---

Samad: Inggih, nanging mawi klapa sêrta wlirangipun kathah, sarêmipun sêkojong.

Tuwan Anu: Wis lêbokna, lan sesuk kowe aja kêlalèn anjaluk dhuwit digawe tuku tatah, patar, pangot lan gandhèn.

Samad: Inggih.

56. gesprek van een heer met een timmerman, in Ngoko en Kråmå

Sidin: Kula matur ing sampeyan, punika undhagi badhe saos atur ing sampeyan.

Tuwan Anu: Iya, konên ngêntèni sêdhela, aku tumuli mêtu, kiraku arêp anjaluk utang dhuwit manèh.

Sidin: Duka sampeyan.

Tuwan Anu: Kowe arêp duwe atur apa mênyang aku.

Undhagi: Kula badhe prêtela, mênawi anggèn kula anggarap kagungan sampeyan kursi sampun angsal sêlosin sêrta sampun kula rêmpêlas, namung kantun pênglilinipun kemawon, kula badhe nyuwun yatra kadamêl tumbas lilin. <224>

Tuwan Anu: Cukup malam pirang kati kursi sêlosin iku.

Undhagi: Sêtêngah katos kados inggih cêkap.

Tuwan Anu: Tukua sêkati, yèn luwih kêna digawe nglilin karine sing sêlosin.

Undhagi: Kula sumôngga ing sakêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Pira rêgane malam sêkati.

Undhagi: Ingkang awon sêkatosipun rêgi wolulas uwang, ingkang sae rêgi kalih dasa uwang.

Tuwan Anu: Tukua malam sing bêcik. Sidin, undhagi iku wehana dhuwit rongpuluh uwang, bakal digawe tuku malam.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Mêngko sêdhela aku mênyang buri, mriksa kursi kang wis dadi.

Undhagi: Inggih.

Tuwan Anu: Uwis kabênêran olèhmu gawe, nanging kêdhuwurên sêthithik.

Undhagi: Punika gampil angandhapakên. Kêrsa sampeyan kaêlongan sêpintên.

--- 118 ---

Tuwan Anu: Mrenea, dêlêngên dhewe sing dak lungguhi iki, sikilku ora tumapak, isih jinjit sêthithik.

Undhagi: Botên kathah êlong-êlonganipun, kados namung kalih têngah nyantun.

Tuwan Anu: Apa ora luwih saka ing karo têngah nyari. <225>

Undhagi: Aluwung kiranga anggèn kula ngêlongi kalihan kêkathahên.

Tuwan Anu: Karuwan ta, yèn kurang kêna koêlongi manèh, yèn kakèhên kudu nyambung, kira-kiranên dhewe olèhmu ngêlongi, sakêpenake dak linggihi, padhanên kambi polane.

Undhagi: Inggih.

Tuwan Anu: Wong linggih ing kursi mono yèn sikile jinjit utawa gumantung, ora kêpenak. Dina iki apa kowe bisa wiwit anglilin.

Undhagi: Mênawi mangke sagêd angsal panas, inggih lajêng kula wiwiti.

Tuwan Anu: Panglilinmu nganti pirang dina.

Undhagi: Mênawi angsal panas, kalih dintên kemawon rampung.

Tuwan Anu: Yèn uwis rampung pênglilinmu, sing kari sêlosin garapên tumuli.

Undhagi: Inggih. Kalih dening malih mênawi parêng, kula sampeyan paringi nyambut arta malih.

Tuwan Anu: Bênêr pêthèkku mau, yèn kowe bakal anjaluk utang manèh, sarèhne wis dadi jangjiku ngarêp, lan pênggarapmu tumêmên, iya bakal dak utangi, nanging rampungna olèhmu nglilin dhisik. <226>

Undhagi: Inggih, nanging mênawi parêng ing sapunika kula mugi sampeyan paringi gangsal rupiyah kemawon rumiyin, badhe kula damêl ruwahan sêrta tumbas sangkal akalihan ulap-ulap.

Tuwan Anu: Iya. Sidin, undhagi iku wèhana dhuwit limang rupiyah.

Sidin: Inggih.

Undhagi: Mênggah anggèn sampeyan ngêrsakakên damêl pêsarean punapa sampun pikantuk polanipun.

Tuwan Anu: Wis, sesuk dak kon marani, samôngsa uwis têka ing kene, kowe dak undang.

Undhagi: Inggih. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani dhatêng pêkên, badhe tumbas lilin.

Tuwan Anu: Iya.

--- 119 ---

57. gesprek van een heer met een Javaansch ambtenaar, in Kråmå, over de Nêgårå van Soerakarta, over het Maleisch spreken en over een geschil met een landhuurder <227>

Tuwan Anu: Saudara, sampeyan punapa sumêrêp watêsipun lêbêting nêgari ing Surakêrta ingkang mêngetan, mêngidul, mêngilèn, tuwin mêngalèr.

Radèn Ngabèi Kawirêja: Sumêrêp, ingkang mêngetan dumugi lèpèn ing Ganggang, ingkang mêngidul dumugi ing Lêbak, ingkang mêngilèn dumugi ing Purwadados, ingkang mêngalèr dumugi ing pêmondhokan môncanêgari.

Tuwan Anu: Pintên têbihing watês wau saking nêgari.

Kawirêja: Kirang langkunga botên kathah, kados namung ngalih êpal.

Tuwan Anu: Ing pundi watêsipun siti dhusun ingkang kêbawah nêgari ing Surakêrta.

Kawirêja: Ingkang mêngetan watês pucakipun rêdi Lawu, ingkang mêngidul watês Rêdikidul, ingkang mêngilèn watês pucukipun rêdi Mêrapi akalihan rêdi Mêrbabu, ingkang mêngalèr watês rêdi Kêndhêng, sami lampahan sêdintên saking nêgari.

Tuwan Anu: Ing bawah Surakêrta punapa kathah lèpèn agêng.

Kawirêja: Inggih kêlêbêt kathah, ingkang agêng piyambak awêsta lèpèn bênawi, wondening prêtelanipun lèpèn ing tanah Pajang: 1. ing Dêngkeng, 2. ing Nglusah, 3. ing Gondhang, 4. ing Mrêbung, 5.lèpèn sakidulipun ing Klathèn, 6. ing Kawismuni, 7. ing Wanggi, 8. ing Nglajur, 9. ing Jêbol, 10. ing Pusur, 11. ing Yagang, 12. ing Sanggung, 13. ing Tèmpèl, 14. ing Wingka, 15. ing Jênês, 16. ing Pepe, 17. ing Cêmara, ingkang tanah Sukawati: 1. ing Samin, 2. ing Sraya, 3. ing Grompol, 4. ing Mungkung, <228> 5. ing Sragèn, 6. ing Bonrama, 7. ing Kêdhung Banthèng, 8. ing Serang 9. ing Ngaribaya. Sawêrninipun lèpèn wau sami anjog ing bênawi sêdaya.

Tuwan Anu: Ing bawah Surakêrta punapa wontên rawanipun.

Kawirêja: Wontên. Èngêt-èngêtan kula: 1. ing têlaga Pawinihan, 2. ing Gênting Kalêgèn, 3. ing Sarabojan, 4. ing Majaraga, 5. ing Kêrtasura, 6. ing Langsur, 7. ing Gêdhangan, 8. ing Jêmbangan.

Tuwan Anu: Rêdi bawah ing Surakêrta ingkang agêng piyambak ing pundi.

Kawirêja: Sasumêrêp kula namung tiga, ingkang kawical agêng piyambak, ingkang wetan rêdi Lawu, ingkang kilèn rêdi Mêrbabu akalihan rêdi Mêrapi.

Tuwan Anu: Rêdi têtiga wau punapa sami mêdal latunipun.

Kawirêja: Ingkang mêdal latunipun namung rêdi Mêrapi.

--- 120 ---

Tuwan Anu: Bawah ing Surakêrta ingkang tanah wetan, kilèn, kidul, êlèr, punapa wontên namanipun piyambak-piyambak.

Kawirêja: Wontên. Ingkang wetan nama tanah ing Sukawati, ingkang kidul akalihan kilèn, nama tanah ing Pajang, ingkang êlèr sêpalih tanah Pajang, sêpalih tanah Sukawati.

Tuwan Anu: Bawah ing Surakêrta punapa wontên umbulipun. <229>

Kawirêja: Wontên. Sasumêrêp kula: 1. ing Kapurun, 2. ing Sênêng, 3. ing Karanggênêng, 4. ing Sêkar, 5. ing Ngupit, 6. ing Darèn, 7. ing Jalatundha, 8. ing Ngumbul Alit, 9. ing Cakra, 10. ing Gêdhong, 11. ing Drêkila, 12. ing Ngêndho, 13. ing Pêngging, 14. ing Kopat, 15. ing Jimbung, 16. ing Ngudal, 17. ing Toyawilis, 18. ing Sêlamêtan, 19. ing Ponggok, wondening umbul ingkang mêdal toyanipun asin: 1. ing Sangiran, 2. ing Sêsela, 3. ing Kawispandhan.

Tuwan Anu: Kula punika sampun lami wontên nêgari ing Surakêrta, ewadèntên kathah ingkang dèrèng kula sumêrêpi.

Kawirêja: Sampun ingkang sampeyan, saudara, bôngsa kula tiyang Jawi ingkang wutah rahipun ing nêgari ngriki inggih kathah kêkirangan ing sumêrêpipun.

Tuwan Anu: Kula punika rêmên sangêt jêjagongan kalihan tiyang sagêd kados sampeyan, awit kenging kula pitakèni samukawis ingkang kula dèrèng sumêrêp.

Kawirêja: Kula punika dèrèng môntra-môntra kawical tiyang sagêd, namung lowung kemawon kenging sampeyan dangu sêkêdhik-sêkêdhik. Tiyang gêsang mêkatên saudara, priyogi ingkang tabêri têtakèn. Pêcahing budi, indhaking <230> kêsagêdan, wêwahing kawruh, wêwinihipun saking tabêri têtakèn, swargi rama jêngandika, mênawi kula sowan dhatêng dalêmipun, kathah pêndangunipun dhatêng kula, botên angêmungakên ingkang prêlu-prêlu kemawon, dalasan ikang rèmèh-rèmèh kadangokakên lajêng dipun sêrati.

Tuwan Anu: Kula inggih mêkatên, saudara, samukawis kula sêrati, sêrta asring kula iling-ilingi supados apila, mênawi wontên ing pêjagongan sagêda tumut wicantênan, sampun ngantos lêgog-lêgog kemawon. Awit botên wontên tiyang kêduwung amêrgi saking kêkathahên kawruhipun.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan. Kula punika kêduwung, dene kalanipun têksih nem- neman botên sinau têmbung Mêlajêng, dados lulus bodho dumugi samangke, mênawi kula kêtamuan Wêlandi ingkang botên sagêd cara Jawi, [Ja...]

--- 121 ---

[...wi,] sakêlangkung pêkèwêding manah kula, badhe cara Mlajêng sumêlang mênawi kêlêpatan kuwêdal têmbung kula ingkang saru, saking botên sumêrêp kula, mila anggèn kula wicantên mawi ngatos-atos, mênawi wontên têmbung Mlajêng ingkang dèrèng têrang sumêrêp kula, lajêng kula lintu ing têmbung Jawi kemawon. Dados wicantên kula Mlajêng tugêlan.

Tuwan Anu: Têmbung Mêlajêng ingkang kangge ing nêgari Surakêrta, dhasaripun inggih <231> kêmomoran Jawi, Cina tuwin Wêlandi, botên rêsik kados ingkang kangge ing tanah Mêlajêng.

Kawirêja: Sanès ingkang badhe kula aturakên ing sampeyan saudara, kula badhe nyuwun pratikêl. Kagungan dalêm gêgadhuhan kula siti dhusun ing Pengkol dipun bêkêli dhatêng Tuwan Anu, jangji kula namung 15 taun tempo, etang kula dumugi ing wulan Mulud taun Jimawal punika sampun tempo, ananging kula têdha wangsulipun siti dhusun dhatêng kula tansah dipun èwêd-èwêd kemawon. Kêdah botên badhe dipun onjot kula botên suka, punika kadospundi pratikêl sampeyan, sagêdipun mantuk gêgadhuhan kula siti dhusun wau.

Tuwan Anu: Sampun botên wontên pêkèwêdipun, mênawi sampeyan botên suka kaonjot, botên kenging kapêksa, kula mriyogèkakên Tuwan Anu sampeyan antêp sêpisan êngkas, purun akalihan botênipun amangsulakên siti dhusun. Mênawi dipun kêkahi, sampeyan angaturakên sêrat dhatêng kangjêng tuwan residhèn, anyuwun pitulungipun. Amêsthi rampung tumuntên.

Kawirêja: Sukur, mênawi kula botên kenging kapêksa, sumêlangipun manah kula, sarèhning kula botên suka kaonjot, mênawi kasuwun saking panjênênganipun kangjêng tuwan residhèn. <232>

Tuwan Anu: Sênajan kasuwuna saking kangjêng tuwan residhèn sampeyan inggih mawi kadangu, suka akalihan botênipun. Mênawi botên suka, siti dhusun amêsthi lajêng kawangsulakên ing sampeyan.

Kawirêja: Ing sapunika manah kula sampun bolong, amêrgi saking pratikêl sampeyan ingkang amêsthi badhe kula lampahi. Sampun saudara, kula sampeyan lilani mundur, badhe lajêng damêl sêrat dhatêng Tuwan Anu.

Tuwan Anu: Inggih saudara.

--- 122 ---

58. over de plechtigheden bij een huwelijk van den Vorst en het Tinkêbfeest voor een Vorstin

Tuwan Anu: Saudara, kula punika badhe sumêrêp pêkurmatanipun mênawi panjênênganing ratu krama, punapa sampeyan sumêrêp.

Radèn Ngabèi Kawiswara: Inggih sumêrêp. Ananging èngêt kula balênjatan, awit kula botên ngêbuki, mênawi wontên kêkiranganipun kemawon, mugi sampun andadosakên duka sampeyan.

Tuwan Anu: Botên, saèngêt sampeyan kemawon, mênawi wontên ingkang sampeyan kêsupèn, utawi botên sumêrêp, badhe kula pitakèkakên dhatêng sanèsipun.

Kawiswara: Sukur mênawi mêkatên. Mênggah pêkurmatan wau prêtelanipun <233> mêkatên, sadèrènging paningkah dalêm kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati mêkajangan wontên ing alun-alun, sêkatèn mungêl wontên ing srimênganti, sarêng ing dintên badhe paningkah dalêm kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kêdhaton, ngirid para Wêlandi mêrdika saha para upsir tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara sasêntananipun. Sêrta para putra sêntana dalêm pêpak. Kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati jawi lêbêt punapadene mas pêngulu, kêtib, ngulami, khaji, suranata, sami sowan wontên ing ngarsa dalêm. Sasampuning paningkah dalêm ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên monggang, anuntên wilujêng dalêm jatingarang mêdal.

Tuwan Anu: Paningkah dalêm punika wontên ing pundi, sêrta ingkang ningkahakên sintên.

Kawiswara: Paningkah dalêm wontên ing pêndhapi, ingkang ningkahakên mas pêngulu, sarêng wilujêng dalêm jatingarang sampun mêdal, anuntên kangjêng radèn adipati sakancanipun wêdana, kliwon, pênèwu, mantri, sami mêdal saking kêdhaton, angêpang wilujêng dalêm wontên ing pagêlaran. Ingkang sinuhun lajêng mundhut ngunjuk sêpisan, sasampuning ngunjuk, kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm ing pagêlaran, kasauran ing mêriyêm saking loji agêng, sarêng sampun ngunjuk kaping tiga, lajêng bibaran.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan punapa ngunjuk piyambak. Sêrta <234> ingkang kaunjuk punapa.

Kawiswara: Botên, ngunjuk akalihan kangjêng tuwan residhèn, sêrta para tuwan-tuwan sêdaya, wondening ingkang kaunjuk anggur.

Tuwan Anu: Sadanguning pêkurmatan wau pêngantèn putri wontên ing pundi.

--- 123 ---

Kawiswara: Wontên dalêm ing kêpatihan. Sontênipun wanci sêtêngah nêm garwa dalêm wau saking kêpatihan katimbalan lumêbêt. Ingkang kautus animbali sêntana pangeran sêpuh sêrta sêntana pangeran putra ing suwêtawis, kadhèrèkakên ing abdi dalêm wêdana kliwon jawi lêbêt sêrta prajurit sami anjajari titihan joli.

Tuwan Anu: Ingkang dipun jajari punika jolinipun sintên.

Kawiswara: Joli badhe titihanipun garwa dalêm. Mênggah ing radinan, wiwit saking kori pamêngkang dumugi ing kêpatihan mawi jajaran lêlayu sêrta umbul-umbul, tuwin gôngsa carabalèn punapadene mawi dilah sèwu. Sarêng jam nêm, kangjêng tuwan residhèn sêrta para Wêlandi mêrdika, para upsir, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara sasêntananipun sami wangsul lumêbêt dhatêng kêdhaton, pinarak wontên ing pêndhapi. <235>

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan pinarak wontên ing pundi.

Kawiswara: Inggih pinarak wontên ing pêndhapi, akalihan kangjêng tuwan residhèn. Sarêng pêngantèn putri rawuh ing kêdhaton, têdhak saking joli wontên ing pêndhapi, dipun kanthi ing kangjêng tuwan residhèn akalihan sêntana putri sêpuh, kalênggahakên jèjèr wontên ing kiwa dalêm. Botên dangu pêngantèn putri kabêkta lumêbêt dhatêng dalêm, lajêng kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm. Sasampuning têlas kurmat, ingkang sinuhun têdhak dhatêng dalêm lukar ngagêm kanigaran, anuntên pinarak ing pêndhapi malih, lajêng pista, sasampuning pista lajêng sami bibaran.

Tuwan Anu: Punapa sampun botên wontên malih pêkurmatanipun.

Kawiswara: Èngêt kula inggih namung punika.

Tuwan Anu: Mênggah pêkurmatanipun putra sêntana pangeran mênawi krama, punapa sami kados ingkang sampun sampeyan prêtelakakên wau.

Kawiswara: Botên, saudara, pêkurmatan pikramanipun pangeran agêng akalihan pangeran alit kamawon sanès.

Tuwan Anu: Punika kula inggih badhe sumêrêp.

Kawiswara: Inggih, ananging pêmanah kula priyogi kaurut, kawiwitan saking <236> pêkurmatan pêmbabaripun, anuntên pêkurmatan pikramanipun pangeran agêng tuwin pangeran alit.

Tuwan Anu: Punika priyogi sangêt, suwawi sampeyan prêtelakakên.

Kawiswara: Mênawi garwa dalêm kangjêng ratu ambobot, mawi dipun tingkêbi, sadèrèngipun [sa...]

--- 124 ---

[...dèrèngipun] kasiraman, kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kêdhaton angirid para Wêlandi mêrdika, para upsir, sêrta Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Punapadene para sêntana dalêm sami pêpak. Kangjêng radèn adipati sakancanipun para wêdana jawi lêbêt sami sowan wontên ing pêlataran.

Tuwan Anu: Mangke saudara, kula nyêlani pitakèn. Tiyang dipun tingkêbi punika wawrat pintên wulan.

Kawiswara: Wawrat pitung wulan têmbeyan.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên.

Kawiswara: Inggih, sasampuning garwa dalêm kangjêng ratu kasiraman wontên ing dalêm sakidulipun prabayasa, ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn kadhèrèkakên ing para sêntana sêpuh, têdhak nigas sinjang kasêmêkan.

Tuwan Anu: Punapa ikang kadamêl nigas kasêmêkan.

Kawiswara: Ingkang kadamêl nigas dhuwung. Sasampuning tigas, ingkang sinuhun wangsul lênggah ing pêndhapi malih, lajêng dhawah ngungêlakên kodhokngorèk. Anuntên hajat dalêm wilujêng mêdal, kangjêng radèn adipati sakancanipun para wêdana sami <237> ngêpang wilujêng dalêm wontên ing pagêlaran. Anuntên ingkang sinuhun ngunjuk akalihan kangjêng tuwan residhèn sêrta para tuwan-tuwan sêdaya, mawi kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm, tumuntên dhahar, sabibaring dhahar, kangjêng tuwan residhèn kondur, kadhèrèkakên ing para tuwan-tuwan sêdaya. Sampun têlas saudara, pêkurmataning tingkêbipun kangjêng ratu, sarèhning sapunika sampun dalu, kula kalilana mundur, benjing-enjing kula sowan malih, andumugèkakên prêtelanipun pêkurmatan tigang bab, ingkang dèrèng kula aturakên.

Tuwan Anu: Inggih saudara, sampeyan kula ajêng-ajêng sayêktos.

Kawiswara: Inggih saudara, mênawi têrang sêrta botên wontên pambêngan sanèsipun, kenging sampeyan pêsthèkakên sowan kula.

59. over de plechtigheden bij de geboorte en bij het huwelijk van een Prins

Tuwan Anu: Kula sampun andugi, yèn sampeyan botên èstu rawuh, awit sampun dalu.

Kawiswara: Angkah kula badhe sowan jam gangsal. Mila ngantos kêdalon, kula kêtilêman. Wau undur kula saking sowan dhatêng balemangu jam kalih, sasampuning <238> nêdha lajêng tilêm.

--- 125 ---

Tuwan Anu: Mênawi sampeyan botên sayah, kula badhe sumêrêp lampah-lampahipun pêkurmatan tigang bab, ingkang dèrèng sampeyan prêtelakakên.

Kawiswara: Botên, awit angsal kula tilêm tuwuk, wiwit saking sêtêngah tiga ngantos sêtêngah nêm.

Tuwan Anu: Kadospundi saudara, lampahing pêkurmatan babaranipun putra dalêm saking kangjêng ratu.

Kawiswara: Mêkatên. Mênawi garwa dalêm kangjêng ratu ambabar putra kakung, mawi têngara kaurmatan drèling prajurit kasauran ing mêriyêm. Dalunipun para bêndara sêpuh tuwin para putri sami anjagong, abdi dalêm niyaka sami saos bêkti wontên ing pêlataran, mawi kaparing cadhong sêkul sarampadanipun. Sarêng sêpêkênipun dauting pusêr, kangjêng tuwan residhèn sêrta para Wêlandi mêrdika, para upsir, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun sami lumêbêt dhatêng kêdhaton, para pangeran sêpuh anèm sami wontên ing pêndhapi, kangjêng radèn adipati sêrta para bupati tuwin wêdana pêmaosan sapênunggilanipun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm.

Tuwan Anu: Mênggah lêbêtipun kangjêng tuwan residhèn dhatêng kêdhaton saking kêrsanipun piyambak, punapa mawi dipun aturi. <239>

Kawiswara: Mawi dipun aturi ing panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Sasampuning panjênêngan dalêm ingkang sinuhun pinarak akalihan kangjêng tuwan residhèn, botên antawis dangu putra dalêm wau kaparingan nama Radèn Mas Anu, kadhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati, lajêng kawradinakên dhatêng sawêrninipun abdi dalêm niyaka, ingkang sami sowan wontên ing ngarsa dalêm wau.

Tuwan Anu: Ingkang mradinakên dhatêng para niyaka wau, punapa inggih ingkang sinuhun piyambak.

Kawiswara: Botên. panjênêngan dalêm ingkang sinuhun namung dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati, kangjêng radèn adipati ingkang mradinakên dhatêng abdi dalêm para niyaka. Sasampuning kawradinakên, anuntên panjênêngan dalêm ingkang sinuhun rêmbagan akalihan kangjêng tuwan residhèn, mênggah badhe pêngangkatipun putra dalêm wau nama pangeran adipati anom. Ananging pêngangkatipun punika mawi nyuwun dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral ing Bêtawi.

Tuwan Anu: Sintên ingkang nyuwun dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral.

Kawiswara: Panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Sasampuning rêmbagan wau, ingkang sinuhun lajêng mundhut ngunjuk, kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm. Sasampuning ngunjuk, kangjêng radèn adipati sakancanipun mêdal dhatêng pagêlaran. Anuntên [Anu...]

--- 126 ---

[...ntên] hajat dalêm mêdal, mawi kaurmatan ing gôngsa kodhokngorèk. panjênêngan <240> dalêm ingkang sinuhun lajêng dhahar wontên ing pêndhapi akalihan kangjêng tuwan residhèn, sêrta para tuwan-tuwan sêdaya, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Sabibaring dhahar, kangjêng tuwan residhèn lajêng kondur. Sampun têlas, saudara, pêkurmatan babaranipun putra dalêm, ing sapunika kula badhe mrêtelakaken pêkurmatanipun pangeran agêng mênawi krama.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, kadospundi lampah- lampahipun.

Kawiswara: Mêkatên saudara, sadèrèngipun ningkah, sêkatèn kawêdalakên wontên ing srimênganti, sêrta kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati mêkajangan wontên ing alun-alun. Sarêng ing dintên badhe pêningkahipun, kangjêng tuwan residhèn lumêbêt ing kêdhaton angirid pata tuwan-tuwan, sêrta Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati, punapadene wêdana pêmaosan, sami sowan wontên ing ngêrsa dalêm. Para pangeran sêpuh anèm pêpak wontên ing pêndhapi, anuntên pêngantèn pangeran agêng katimbalan dhatêng pêndhapi, sêrta kangjêng radèn adipati, mas pêngulu sakancanipun kêtib modin, sami minggah ing pêndhapi wontên ing ngarsa dalêm. Anuntên pangeran pêngantèn wau kaningkahakên dhatêng mas pêngulu.

Tuwan Anu: Sadèrèngipun kaningkahakên, pangeran pêngantèn wau lênggah <241> wontên ing pundi.

Kawiswara: Wontên ing gêdhong pêcarikan, sasampuning pragad paningkahipun, pangeran pêngantèn lajêng tabean kalihan kangjêng tuwan residhèn. Anuntên ngunjuk sêpisan, mawi kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm, pêngantèn lajêng kabêkta wangsul dhatêng gêdhong malih, kangjêng radèn adipati sêrta para niyaka dhatêng pagêlaran, hajat dalêm kawêdalakên dhatêng pagêlaran, mawi kaurmatan ing gôngsa kodhokngorèk. Sasampuning ngunjuk kaping tiga, kangjêng tuwan residhèn kondur.

Tuwan Anu: Dados botên mawi dhaharan, kados pêkurmatan babaranipun putra dalêm saking kangjêng ratu.

Kawiswara: Ing nalika pêningkahipun botên, namung yèn pêngantèn kapanggihakên, mawi dhaharan. Sontênipun wanci jam sêtêngah sêkawan abdi dalêm nêgari sami sowan wontên ing srimênganti, sêrta para sêntana sami pêpak wontên ing pêndhapi, botên dangu kangjêng tuwan residhèn lumêbêt ing kêdhaton angirid para tuwan-tuwan sêrta Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Pêngantèn lajêng kapanggihakên wontên ing dalêm agêng, sasampuning kapanggihakên, lajêng [la...]

--- 127 ---

[...jêng] pista wontên ing pêndhapi.

Tuwan Anu: Pêngantènipun punapa botên tumut dhahar wontên ing pêndhapi. <242>

Kawiswara: Botên, wontên ing dalêm agêng kemawon. Atur kula wau wontên ingkang kêkirangan, saudara.

Tuwan Anu: Punapa ingkang kêkirangan.

Kawiswara: Mênggah panggihipun putra akalihan putri wau mawi kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm.

Tuwan Anu: Lajêngipun kadospundi, saudara.

Kawiswara: Sabibaring dhêdhaharan, kangjêng tuwan residhèn kondur. Sarêng sêpêkêning panggihipun, pêngantèn ngujung dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sêrta dhatêng kangjêng ratu, anuntên kabêkta mêdal dhatêng dalêmipun marasêpuh utawautawi. dhatêng dalêmipun piyambak, kadhèrèkakên ing putra sêntana tuwin abdi dalêm nêgari, sêrta kangjêng radèn adipati punapadene para tumênggung. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun pêkurmatan pikramanipun putra dalêm pangeran alit.

Kawiswara: Inggih, mênggah paningkahipun putra dalêm pangeran alit, inggih mawi kajênêngan ing kangjêng tuwan residhèn. Sasampuning pragad paningkahipun, pêkurmatan tuwin lampah-lampahipun inggih sami kados ingkang sampun kula aturakên wau, kaotipun namung panggihing pêngantèn botên mawi kajênêngan ing kangjêng tuwan residhèn, wondening sontên sadèrènging panggihipun pêngantèn kangjêng <243> radèn adipati sakancanipun para bupati sami sowan dhatêng kêdhaton. Sasampuning pêngantèn kapanggihakên wontên ing dalêm, botên dangu lajêng kabêkta mêdal dhatêng kêpatihan, mawi mampir dhatêng loji, tabean akalihan kangjêng tuwan residhèn.

Tuwan Anu: Lampahipun pêngantèn dhatêng kêpatihan nitih punapa, saudara.

Kawiswara: Pêngantènipun kakung nitih titihan, pêngantèn putri nitih joli. Sasampuning tabean kalihan kangjêng tuwan residhèn, lajêng bidhal dhatêng kêpatihan.

Tuwan Anu: Pêngantèn wau punapa namung tabean kemawon, botên mawi lênggah.

Kawiswara: Mawi lênggah sêkêdhap, sêrta kasêgah ngunjuk wedang êtèh utawi wedang kopi. Sarawuhipun ing dalêm kêpatihan, prajurit ingkang andhèrèkakên sami drèl wontên plataran ing kêpatihan, kasauran ing mêriyêm.

--- 128 ---

Para bêndara pangeran sami lênggahan wontên ing pêndhapi, anuntên kangjêng tuwan residhèn pinarak dhatêng kêpatihan akalihan tuwan-tuwan ing suwêtawis. Sasampuning dhaharan, kangjêng tuwan residhèn lajêng kondur.

Tuwan Anu: Pangantènipun lênggah wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Lênggah wontên ing dalêm. Sarêng êlêt sêdalu, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun sêrta kangjêng ratu têdhak dhatêng kêpatihan mawi kasukan ing suwêtawis. Botên dangu lajêng kondur. Sarêng sampun sêpêkên, pêngantèn katimbalan <244> dhatêng kêdhaton, kadhèrèkakên ing kangjêng radèn adipati sêrta para tumênggung, mawi kapêthuk ing putra sêntana saking kêdhaton ing suwêtawis sêrta mawi jajaran lêlayu punapadene gôngsa sami mungêl. Sarawuhipun ing kêdhaton, lajêng sami ngujung wontên ing dalêm agêng, sasampuning ngujung, pêngantèn wau kaparingakên mêdal dhatêng dalêmipun sêntana ingkang sêpuh utawi dhatêng dalêmipun piyambak. Kangjêng radèn adipati tuwin wêdana pêmaosan môncanêgari sami andhèrèkakên. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Lampah -lampahing pêkurmatan gangsal bab, ingkang sampun sampeyan prêtelakakên wau badhe kula sêrati sêdaya, supados sampun ngantos kêsupèn.

Kawiswara: Priyogi mêkatên, saudara.

Tuwan Anu: Nanging wontên malih, saudara, ingkang badhe kula sumêrêpi.

Kawiswara: Punapa.

Tuwan Anu: Lampah-lampah pêkurmatanipun mênawi panjênênganing ratu surud.

Kawiswara: Inggih, saudara, ananging benjing-enjing kemawon kula prêtelakakên, awit kula ing sapunika badhe anjagong dhatêng Jayanêgaran.

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

60. over de plechtigheden bij het overlijden van een Vorst

Tuwan Anu: Kondur sampeyan saking anjagong wau dalu jam pintên. <245>

Kawiswara: Pêndugi kula jam kalih, angkah kula badhe mantuk bêdhug, ananging kabêthêng ing jawah, dados ngêntosi têrangipun.

Tuwan Anu: Inggih, jawahipun wau dalu kados dipun êsokakên sêrta dangu. Sampeyan wau dalu punapa mawi kêsukan sêtotêr.

Kawiswara: Inggih, dipun pêksa-pêksa dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawirêja, kula turuti ngantos kawon sèkêt rupiyah, pênuju sampun têrang, [tê...]

--- 129 ---

[...rang,] kula lajêng mantuk. Yèn sampuna têrang tumuntên kados kathah kawon kula, awit kula botên patos sagêd sêrta botên rêmên.

Tuwan Anu: Kula andumugèkakên pênyuwun kula wingi, bab pêkurmatan sedanipun panjênênganing ratu, mênawi parêng, kula mugi kasumêrêpna.

Kawiswara: Inggih, mênggah lampah-lampahing pêkurmatan mêkatên. Sarêng sangêtipun ing gêrah dalêm, kangjêng tuwan residhèn sêrta tuwan sukêtaris lumêbêt dhatêng kêdhaton, anampèni pêngandika dalêm pasrah kraton dhatêng Kangjêng Pangeran <246> Adipati Anom. Mênawi dumugi ing seda, kangjêng radèn adipati sakancanipun bupati, tuwin kêliwon pênèwu mantri sami mêkajangan wontên ing alun-alun. Layon dalêm kawiyosakên dhatêng mêsjid ing panêpèn sêrta kasiraman. Sasampuning kasiraman, kasalatakên ing mas pêngulu sakancanipun kêtib, modin, khaji, suranata tuwin pradikan nêgari, lajêng kalêbêtakên ing tabêla.

Tuwan Anu: Kangjêng tuwan residhèn akalihan tuwan sukêtaris, sasampuning nampèni pasrah dalêm wau, punapa lajêng kondur.

Kawiswara: Ingkang kondur namung tuwan sukêtaris kemawon, kangjêng tuwan residhèn tugur wontên ing gêdhong pêcarikan. Para bêndara sami nglêmpak wontên ing plataran panêpèn, kangjêng radèn adipati sêrta para wêdana sami tugur wontên ing plataran wetan.

Tuwan Anu: Kangjêng tuwan residhèn ênggènipun tugur wontên salêbêting kêdhaton ngantos pintên dintên.

Kawiswara: Ngantos sajumênêngipun nata kangjêng pangeran adipati anom. Enjingipun sêtêngah pitu layon dalêm kaangkatakên. Ingkang ngrêmbat saking panêpèn putra sêntana sêdaya, upacara kêraton sami kaulêsan pêthak, kaampil wontên sangajênging layon dalêm. kangjêng gusti pangeran adipati anom <247> kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn, wontên sawingkinging layon dalêm. Sarêng rawuh ing kori sarasêja, kaurmatan drèling prajurit kaping tigang rambahan, sêrta mêriyêm, kasauran ing mêriyêm saking loji agêng.

Tuwan Anu: Mêriyêm wau ngantos mungêl kaping pintên.

Kawiswara: Kaping sêlikur. Sarêng layon dalêm dumugi ing kori brajanala, putra sêntana ingkang ngrêmbat wau kèndêl, kagêntosan ing abdi dalêm ngulami, kêtib, pradikan dumugi ing Gadhing, kangjêng gusti pangeran adipati anom sêrta para putra sêntana tuwin kangjêng tuwan residhèn sami wangsul ing kori brajanala wau, kangjêng tuwan residhèn manggèn malih wontên ing gêdhong pêcarikan. Para sêntana punapadene abdi dalêm sêdaya sami tugur, botên kenging mantuk, mênawi Kangjêng [Kang...]

--- 130 ---

[...jêng] Gusti Pangeran Adipati Anom dèrèng jumênêng nata, pangrêmbating bandhosa wau sarêng dumugi ing Gadhing, katampenan ing abdi dalêm nêgari, dumugi ing Purwadadi katampèn ing abdi dalêm gêladhag. Dumugi ing Kleca, lajêng katampèn karêmbat ing kuli dumugi ing Imagiri, layon dalêm wau kasarèkakên ing Imagiri, wangsulipun upacara kêraton wau wontên ing Kêrtasura, wondening ingkang lajêng andhèrèkakên dhatêng Imagiri, prajurit dragundêr Wêlandi, prajurit jawi miji pinilih, gêdhong kiwa têngên, wêdana jawi pênumping akalihan wêdana sèwu, wêdana môncanêgari kêkalih sêrta abdi dalêm lêlurah para gusti ing kêdhaton, punapadene abdi dalêm anon-anon.

Tuwan Anu: Kangjêng pangeran adipati anom punapa botên mawi ambucal sêrat dhatêng Nyayogyakêrta, bab surud dalêm wau. <248>

Kawiswara: Ingkang kabucalan sêrat tigang nêgari, 1. ing Ngayogya, katur kangjêng sultan, 2. ing Bêtawi, katur kangjêng tuwan guprênur jendral, 3. ing Madura, katur kangjêng sultan. Sarawuhipun layon dalêm wontên ing Pêkên Agêng, kapêthuk ing tumênggung Ngayogya sêtunggil, kurmat saking kangjêng sultan. Tumênggung wau andhèrèkakên ngantos dumugi ing Imagiri.

Tuwan Anu: Panjênênganing ratu mênawi seda, punapa botên mawi sêlawat kados tiyang alit.

Kawiswara: Mawi, saudara, patêdhan dalêm sêlawat dhatêng abdi dalêm sèwu reyal anigang dasa uwang. Sasampuning layon dalêm rawuh ing Imagiri, lajêng kalêbêtakên ing kêluwat, abdi dalêm ingkang andhèrèkakên sami mantuk. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Mêkajanganipun, yèn wontên ratu seda, ngantos pintên dintên.

Kawiswara: Ngantos sawontênipun ingkang jumênêng ratu.

Tuwan Anu: Ingkang nama pangeran agêng tuwin pangeran alit, punika ingkang pundi, saudara.

Kawiswara: Pangeran agêng mêkatên, 1. kangjêng gusti pangeran adipati <249> anom, 2. pangeran sêdhèrèking ratu, ingkang tunggil rama ibu, 3. pangeran alit ingkang kaganjar nama pangeran adipati utawi panêmbahan, sêrta asongsong gilap, wondening pangeran alit punika, putra utawi sêdhèrèking ratu, ingkang miyos saking garwa sêlir.

Tuwan Anu: Sangêt bingah sêrta têrima kasih kula, sampeyan sumêrêpakên lampah-lampahing pêkurmatan wau sêdaya.

Kawiswara: Ing benjing mênawi sampun sampeyan sêrati sêdaya, kula badhe [ba...]

--- 131 ---

[...dhe] sumêrêp.

Tuwan Anu: Inggih.

Kawiswara: Mênawi wontên ingkang têksih kirang, badhe kula wêwahi, ing sapunika kula sampeyan lilani mundur, mênawi wontên kêrsa sampeyan andangu ing bab sanèsipun, anggêr kula sumêrêp amêsthi andadosakên bingah kula.

Tuwan Anu: Sakêlangkung bingah kula, dene sampeyan dhangan amitulungi.

61. over verbodene zaken.

<250> Tuwan Anu: Saudara, sampeyan kula saosi dhêsthar akalihan nyamping, dadosa prêtôndha pamitran.

Radèn Ngabèi Kawiswara: Inggih nuwun, saudara, ananging kauningana, sinjang punika kula botên kenging ngangge.

Tuwan Anu: Sabab dening punapa, saudara.

Kawiswara: Amêrgi saking awisan. Punika bathikanipun parang rusak, agêmipun ingkang sinuhun sêrta para putra sêntana, yèn tiyang alit kados kula, botên kenging ngangge.

Tuwan Anu: Kula botên sumêrêp, yèn sinjang wontên ingkang awisan, botên kenging kaangge ing cok tiyanga, mêngke kula kintuni sanèsipun, ingkang kenging sampeyan agêm.

Kawiswara: Inggih saudara, ananging kauningana, aliya saking parang rusak wontên malih pênunggilanipun, ingkang kêlêbêt ing awisan.

Tuwan Anu: Punapa, saudara, kula mugi sampeyan sumêrêpakên, supados kula sampun angintuni, ingkang kêlêbêt ing awisan.

Kawiswara: Sinjang bathik, ingkang dados awisanipun ing ratu, 1. parang <251> rusak, 2. sawat, 3. udan riris, 4. sêmu kirang, 5. parang rusak barong, 6. parang rusak kêlithik, 7. rujak senthe tuwin parikêsit, 8. parang kusuma, 9. parang wèsthi, 10. parang kêrna, 11. parang kurung, 12. sêmèn jalêngut, 13. sawêrninipun bathikan ingkang mawi êlar rangkêp, punika sêdaya agêm dalêm ingkang sinuhun sêrta para putra sêntana.

Tuwan Anu: Kula sawêg sumêrêp sapunika. Aliya saking punika punapa wontên malih, ingkang dados awisanipun ing ratu.

Kawiswara: Wontên, kados ta cêlana cindhe bunton, ingkang kenging ngagêm watês kangjêng radèn adipati sapênginggil.

--- 132 ---

Tuwan Anu: Cindhe bunton mêkatên, cindhe ingkang kados punapa.

Kawiswara: Cindhe bunton mêkatên, ingkang kabucal sorotipun. Mênawi sorotipun katêksihakên, bupati akalihan kliwon kenging ngangge.

Tuwan Anu: Punapa malihipun, saudara, ingkang dados awisaning ratu.

Kawiswara: Kuluk ingkang awisan, 1. bêrci biru, 2. kanigara, ingkang kenging ngagêm kangjêng radèn adipati saha para putra sêntana, mênawi kuluk bêrci cêmêng, ingkang kenging ngangge watês kêliwon sapênginggil.

Tuwan Anu: Dados bupati botên kenging ngangge kuluk bêrci biru, akalihan <252> kanigara.

Kawiswara: Botên, anggènipun ing bupati kuluk pêthak akalihan bêrci cêmêng, mênggah kuluk pêthak wau, anggènipun abdi dalêm watês bupati sapêngandhap.

Tuwan Anu: Kula sêpisan ningali garêbêg, sumêrêp wiyos dalêm ingkang sinahun sinuhun. saking kêdhaton badhe têdhak dhatêng siti inggil, kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn, kampuh dalêm ing wingking wontên ingkang nglawèr panjang, mawi kacêpêngan ing tiyang èstri, para pangeran ingkang lumampah wontên ing ngarsa dalêm, kampuhipun botên mawi kacêpêngan mêkatên. Punika kula dèrèng pikantuk mangêrtosipun.

Kawiswara: Kampuh ingkang ing wingking nglawèr panjang punika nama kunca, panyêpêngipun nama ngampil. Ingkang wênang kampuhan ngumbar kunca sêrta mawi kaampil, namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun, ewadèntên pêngantèn, yèn nalika kapanggihakên, kenging angumbar kunca sêrta mawi kampil. Wondening para putra sêntana mênawi kampuhan, kuncanipun kaubêd-ubêdakên ing wrôngka.

Tuwan Anu: Kalih dening, kalanipun kula ningali garêbêg wau, èngêt kula ingkang ngagêm cênela namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun.

Kawiswara: Inggih, cênela punika kalêbêt ing awisan, nanging para pangeran kanging ngagêm cênela mênawi botên wontên ing ngarsa dalêm, kalih <253> dening malih, kampuhan botên mawi wêdhung, kulukan botên mawi nyamat, ingkang wênang namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Para putra sêntana, kangjêng radèn adipati sapêngandhap, mênawi kampuhan, kêdah mawi wêdhung, kulukipun kêdah mawi nyamat, punapa malih kampuh mawi balênggi, ingkang kenging ngangge watês kêliwon sapênginggil.

Tuwan Anu: Kangjêng pangeran adipati anom mênawi kampuhan punapa inggih kêdah mawi wêdhung.

--- 133 ---

Kawiswara: Inggih, nanging kenging ngagêm kuluk botên mawi nyamat.

Tuwan Anu: Kula rumiyin dipun cêriyosi dhatêng Tuwan Yan, yèn dhuwung kêmalon abrit inggih awisan. Punapa yêktos mêkatên.

Kawiswara: Inggih, dhuwung kêmalon abrit punika agêmipun panjênêngan dalêm ingkang sinuhun sêrta para putra sêntana, mêkatên ugi mêndhak, ingkang botên mawi êri pandhan tuwin wêrôngka kajêng cêndhana. Ukiran tunggak sêmi, ingkang kenging ngangge mantri sapênginggil.

Tuwan Anu: Punapa yêktos, saudara, botên kenging tiyang nyothe, kudhung utawi songsongan wontên ing alun- alun.

Kawiswara: Inggih yêktos, punika kalêbêt ing awisan. Ananging songsongan <254> wau kenging mênawi jawah, utawi ambêkta lare alit, kaêmban utawi kagendhong, mêkatên ugi kudhung. Kalih dening malih, tiyang numpak kapal, kreta utawi sanèsipun, wontên ing alun-alun êlèr, inggih botên kenging, kêjawi saking pêngantèn. Nuntun kapal kemawon wontên sakidulipun wêringin sêngkêran ing alun-alun êlèr botên kenging.

Tuwan Anu: Punapa awisanipun ing ratu wau kaèstokakên sêdaya.

Kawiswara: Ing jaman sapunika sampun kathah ingkang purun nêrak awisan ing suwêtawis, kados ta numpak kapal utawi kreta wontên ing alun-alun angangge dhuwung kêmalon abrit ukiran tunggak sêmi wrôngka kajêng cêndhana.

Tuwan Anu: Mênawi wontên tiyang purun-purun nêrak awisanipun ing ratu, punapa botên wontên paukumanipun.

Kawiswara: Kala ing jaman kina, sawêg têksih kêncêngipun ing prentah, mênawi wontên ingkang purun-purun nêrak awisanipun ing ratu, karampasan pênganggènipun. Nanging pêngrampasipun angêmungakên ingkang dados awisan kemawon.

Tuwan Anu: Saupami tiyang sanès bawah, kados ta tiyang Ngayogya dhatêng nêgari ing Surakêrta angangge awisaning ratu, punapa inggih karampasan. <255>

Kawiswara: Inggih, mêkatên malih tiyang ing Surakêrta, mênawi dhatêng nêgari ing Ngayogya, purun-purun angangge awisanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan, inggih karampasan.

Tuwan Anu: Bab awisan wau panapa kasêbut wontên ing sêrat anggêr.

Kawiswara: Inggih, kasêbut wontên ing sêrat anggêr arubiru, ing bab ingkang wêkasan pisan. Ananging wêrninipun ing pêngangge ingkang dados awisan, botên kasêbutakên.

--- 134 ---

Tuwan Anu: Punapa wontên malih awisanipun ing ratu.

Kawiswara: Mangke kula èngêt-èngêt rumiyin, kados têksih wontên. Nanging kula mangsuli rumiyin atur kula ing sampeyan bab kuluk tanpa nyamat wau, punika têksih kêkirangan. Têtêpipun ingkang ngagêm kuluk botên mawi nyamat namung, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun akalihan kangjêng gusti pangeran adipati anom. Nanging ing sapunika para pangeran wontên ingkang kulukan mawi nyamat wontên ingkang botên. Kalih dening malih kulukan mawi jungkat ing jawi, ingkang wênang namung panjênêngan dalêm ingkang sinuhun sêrta para pangeran. Mênggah pênunggilanipun ingkang kêlêbêt ing awisan, ukup tanpa sorot, ukup pita, cêlana gubêgan, sabuk bathik, dhuwung sambilan, epok kajêng lugas, ikêt modang, <256> ikêt bangun tulak têpèn, pêngangge sarwa wulang asabuk cindhe abrit.

Tuwan Anu: Cêlana gubêkan akalihan dhuwung sambilan mêkatên punapa, saudara.

Kawiswara: Mênawi cindhe, ingkang kabucal sorotipun, mênawi kêstin, bêludru utawi sêngkêlat, ingkang botên mawi renda, wondening dhuwung sambilan ingkang botên mawi kandêlan botên kêmalon.

Tuwan Anu: Kula ningali kathah tiyang dhusun anyambil. Punapa botên kenging ing awisan.

Kawiswara: Sênajan tiyanga dhusun, mênawi lumêbêt ing kori gapit, inggih dipun awisi.

Tuwan Anu: Kula kêrêp ningali tiyang lumampah ngangge tudhung, sarêng dumugi ing alun-alun, tudhungipun kapocot. Punika punapa inggih kêlêbêt ing awisan.

Kawiswara: Inggih, punika sêsaminipun tiyang kudhung, ingkang sampun kula prêtelakakên wau. Kalih dening malih, tiyang èstri botên kenging ngambah sakidulipun wringin sêngkêran ing alun-alun êlèr. Tiyang èstri botên kenging angambah ing siti inggil, mênawi botên sembongan utawi pinjungan. Tiyang lumêbêt ing kori gapit, botên kenging ambêkta sênjata mêtêng, noncong waos, nyangking pêdhang, manggul epok utawi nyênyunggi, mêkatên malih lante sêrta songsong abrit utawi cêmêng, botên kenging kabêkta lumêbêt ing <257> kori gapit.

Tuwan Anu: Wontên tiyang ingkang sanjang dhatêng kula, kapal maesa utawi lêmbu momotan botên kenging lumêbêt ing kori gapit. Punapa inggih yêktos.

Kawiswara: Inggih yêktos. Punika pênunggilanipun ing awisan.

--- 135 ---

Wontên malih awisanipun ing ratu, bab ungêling gôngsa, 1. botên kenging tiyang nabuh gôngsa ing dintên Jumungah, sadèrèngipun bakda, 2. anyarêngi monggang ing dintên Sêptu, 3. yèn sêkatèn mungêl, 4. yèn panjênêngan dalêm ingkang sinuhun mantu, 5. tiyang salêbèting bètèng botên kenging nabuh gôngsa, mênawi botên sampun kalilan ing panjênêngan dalêm ingkang sinuhun.

Tuwan Anu: Tiyang ingkang griya salêbêting bètèng, mênawi badhe nabuh gôngsa, punapa nyuwun piyambak dhatêng ingkang sinuhun.

Kawiswara: Botên. Jujugipun dhatêng nyai tumênggung, punika ingkang ngunjukakên ing sampeyan dalêm.

Tuwan Anu: Prêtela sampeyan ing ngajêng wau botên kenging tiyang numpak kapal utawi kreta wontên ing alun-alun. Kangjêng radèn adipati sapêngandhap, mênawi sowan numpak kapal utawi kreta, punapa inggih mawi mêdhun. <258>

Kawiswara: Inggih, êdhunipun wontên ing gladhag, lajêng dharat dhatêng ing pêsowanipun piyambak-piyambak. Yèn kangjêng radèn adipati, kenging songsongan dumugi saêlèring wringin sêngkêran, mênawi bupati sapêngandhap kengengipun songsongan namung dumugi ing gladhag utawi ing gledhegan.

Tuwan Anu: Songsongipun punapa katilar.

Kawiswara: Botên, nanging kaingkupakên.

Tuwan Anu: Sampun dangu anggèn kula lêlênggahan kalihan sampeyan, kula badhe mantuk. benjing-enjing sontên jam gangsal mênawi sampeyan parêng, kula wangsul mriki malih, anyuwun sumêrêp samukawis ingkang dèrèng kula sumêrêpi, sêmantên punika mênawi botên andadosakên ribêding galih sampeyan.

Kawiswara: O botên, saudara, kula malah bingah sangêt wontên kêrsa sampeyan pinarak dhatêng griya kula, sêrta yèn kula sagêd anglêgakakên galih sampeyan.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, kula mantuk.

Kawiswara: Inggih, kula andhèrèkakên wilujêng.

62. over de plechtigheden bij inhuldiging van een Vorst

<259> Tuwan Anu: Kula rumiyin sampun sampeyan sumêrêpakên lampahing pêkurmatan pikramanipun panjênênganing ratu kalih pêkurmatan pêmbobotipun garwa dalêm kangjêng ratu sêrta pêmbabaripun, punapadene pêkurmatan pikramanipun pangeran [pa...]

--- 136 ---

[...ngeran] agêng tuwin pangeran alit, saha pêkurmatan sedanipun panjênênganing ratu, ananging pêkurmatan jumênêngipun ing ratu dèrèng, punika kula badhe sumêrêp.

Radèn Ngabèi Kawiswara: Inggih, mênggah pêkurmatanipun mêkatên. Sasampuning kangjêng gusti pangeran adipati anom ngaturi sêrat dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral ing bab sedanipun ingkang rama, anuntên kangjêng tuwan guprênur jendral wau anglampahakên kumisaris kêkalih dhumatêng nêgari ing Surakêrta, ingkang badhe ngangkat kangjêng gusti pangeran adipati anom kajumênêngakên nata. Lêbêtipun kangjêng tuwan kumisaris kêkalih watuwau. dhatêng kêdhaton, èngêt kula enjing wanci jam sêdasa, sarêng kalihan kangjêng tuwan residhèn sêrta para Wêlandi mêrdika tuwin para upsir, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Sasampuning pêpak sêdaya, anuntên kaundhangakên wontên ing pêndhapi, yèn kangjêng gusti pangeran adipati anom kajumênêngakên nata, anggêntosi panjênênganipun <260> ingkang rama.

Tuwan Anu: Sintên, saudara, ingkang ngundhangakên jumênêngipun nata kangjêng pangeran adipati anom.

Kawiswara: Ingkang ngundhangakên kangjêng tuwan residhèn, mawi maos sêrat cara Wêlandi, kasisihan ing cara Jawi, ingkang maos jawinipun tuwan juru basa. Sasampuning têlas pêmaosipun, kangjêng tuwan kumisaris kêkalih saha kangjêng tuwan residhèn, punapadene para tuwan-tuwan sêdaya, tabean akalihan ingkang jumênêng nata enggal. Anuntên ingkang sinuhun kaagêman bintanging kêraton sêrta kaaturan pinarak ing dhampar.

Tuwan Anu: Ingkang ngagêmi bintang sêrta ngaturi pinarak ing dhampar sintên.

Kawiswara: Kangjêng tuwan kumisaris wau. Sasampuning ngunjuk kaping tiga, anuntên mas pêngulu, para ngulami, sêrta abdi dalêm suranata, maos donga kêraton. Satêlasing pêmaosipun, ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan kumisaris têdhak dhatêng siti inggil, pinarak ing bangsal witana, wontên ing ngriku kaundhangakên malih, kados kalanipun wontên ing pêndhapi wau, lajêng kaurmatan drèling prajurit sêrta mêriyêm.

Tuwan Anu: Ingkang maos undhang wontên ing siti inggil punapa inggih <261> têksih kangjêng tuwan residhèn akalihan tuwan juru basa.

Kawiswara: Inggih. Sasampuning ngunjuk kaping tiga, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan kumisaris, têdhak saking siti inggil dhatêng pagêlaran. Wontên ing ngriku anitih kreta Kyai Dhudha, angubêngi sajawining kêdhaton. Sauruting mêrgi mawi jajaran lêlayu, umbul- umbul, gêndera, songsong [song...]

--- 137 ---

[...song] agung punapadene gôngsa, para putra sêntana andhèrèkakên. Abdi dalêm prajurit miji pinilih, tamtama, carangan, sami numpak kapal wontên ing ngajêng, ing wingking upacara dalêm. Anuntên kagungan dalêm titihan kapal, kasambêtan ing ampilan êmas banyak dhalang sapênunggilanipun. Sasampuning ngubêngi kêdhaton, pinarak malih wontên ing siti inggil. Botên antawis dangu lajêng kondur ngêdhaton, pinarak ing pêndhapi malih.

Tuwan Anu: Kangjêng tuwan kumisaris, sêrta kangjêng tuwan residhèn, punapa tumut mêlêbêt ing kêdhaton.

Kawiswara: Inggih, tindak dalêm kondur wau kanthèn akalihan kangjêng tuwan kumisaris. Sasampuning tata lênggah wontên ing pêndhapi, garwa dalêm kaangkat nama Ratu Kêncana, ibu dalêm garwanipun sinuhun ingkang sampun seda kapundhut namanipun, kalintu nama Kangjêng Ratu Agêng, anuntên kangjêng tuwan kumisaris sêrta kangjêng tuwan residhèn kondur. Sarêng ing sêdintên punika ugi wanci jam tiga utawi sêtêngah <262> sêkawan, kangjêng tuwan kumisaris akalihan kangjêng tuwan residhèn tindak dhatêng kêdhaton, pinarak ing prabayasa kalihan panjênêngan dalêm ingkang sinuhun, anandhakakên sêrat prêjangjeyan dalêm akalihan kangjêng guphrêmèn.

Tuwan Anu: Mangke, saudara, kula nyêlani pitakèn. Sintên ingkang ngangkat garwa dalêm nama Ratu Kêncana, sêrta anglintu nama Ratu Agêng dhumatêng ibu dalêm.

Kawiswara: Panjênêngan dalêm ingkang sinuhun. Anuntên ingkang sinuhun nandhani asta sêrta ngêcapi sêrat prêjangjeyan wau akalihan kangjêng tuwan kumisaris, para pangeran sêpuh, kangjêng radèn adipati, saha para niyaka sami tumut anandhani sêrta angêcapi, sarêng sampun, kangjêng tuwan kumisaris sêrta kangjêng tuwan residhèn kondur, ing dintênipun malih wanci sontên, panjênêngan dalêm ingkang sinuhun kaaturan pista dhatêng loji residhenan, sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun punapa botên ngaturi sêrat dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral mênawi sampun kajumênêngakên nata.

Kawiswara: Inggih, saudara, kula ingkang kêsupèn matur, dhatêng ing Nyayogyakêrta sêrta dhatêng ing Madura, ingkang sinuhun inggih ngaturi sêrat, kalih <263> dening malih kula kêsupèn matur, mênggah langkung dalêm ing loji agêng, badhe têdhak dhatêng loji Residhenan wau, mawi kaurmatan ing mêriyêm saking loji agêng kaping sêlikur.

Tuwan Anu: Punika sêdaya badhe kula cathêti, supados sampun ngantos kêsupèn.

Kawiswara: Inggih, priyogi sangêt kêrsa sampeyan mêkatên punika.

--- 138 ---

Tuwan Anu: Benjing-enjing mênawi sampeyan dhangan, kula badhe nyuwun sumêrêp lampahing pêkurmatan yèn ingkang sinuhun miyos garêbêg.

Kawiswara: Anggêr botên kêpambêngan ing sukêr sakit, kula sakêlangkung saking dhangan.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, kula badhe mantuk.

Kawiswara: Inggih.

63. over de plechtigheden bij gelegenheid van de Garêbêg's

Kawiswara: Wingi sampeyan kula ajêng-ajêng botên rawuh.

Tuwan Anu: Inggih, mila kula botên dhatêng, anak kula ingkang alit sakit pilêk sêrta watuk mawi kasrêpên. Ing sapunika sampun sêkeca.

Kawiswara: Ing sapunika wêradin lare pilêk sêrta watuk mawi kasrêpên. Nanging enggal mantunipun.

Tuwan Anu: Inggih. Dhatêng kula punika. saudara, mênawi sampeyan <264> parêng, badhe andumugèkakên pênyuwun kula bab lampahing pêkurmatan, mênawi ingkang sinuhun miyos garêbêg.

Kawiswara: Inggih, pêkurmatanipun mêkatên. Sarêng ing dintên dhawahing garêbêg Mulud Siyam utawi Bêsar, enjing wanci jam sêdasa ingkang sinuhun utusan priyantun wêdana lêbêt kêkalih dhatêng loji, angaturi kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kêdhaton. Saunduripun priyantun wêdana wau saking loji, antawis botên dangu kangjêng tuwan residhèn nitih kreta dhatêng kêdhaton, angirid para tuwan-tuwan mêrdika, tuwin para upsir, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntananipun. Sarawuhipun ing kêdhaton, kangjêng tuwan residhèn sêrta para tuwan-tuwan wau tabean akalihan panjênêngan dalêm ingkang sinuhun, lajêng sami tata lênggah.

Tuwan Anu: Punika lênggah wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Wontên ing pêndhapi. Ingkang sinuhun pinarak ing dhampar majêng ngalèr, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm. Para pangeran sêpuh pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan, para tuwan-tuwan saha Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara pinarak ing kursi wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn. Wondening para pangeran ênèm sami lênggah ing ngandhap, <265> wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan.

Tuwan Anu: Para pangeran ênèm ingkang sami lênggah ing ngandhap wau, panggenanipun [pangge...]

--- 139 ---

[...nanipun] punapa inggih ing pêndhapi.

Kawiswara: Inggih. Botên antawis dangu ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn, miyos dhatêng siti inggil. Kangjêng gusti pangeran adipati anom kanthèn kalihan tuwan sukêtaris wontên ing ngarsa dalêm. Sarawuhipun ing siti inggil, ingkang sinuhun pinarak ing bangsal witana, gôngsa monggang mungêl sêrta rêdèn lumampah mêdal dhatêng mêsjid Agêng. Satêlasing rêdèn, monggang kasuwuk, ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên gôngsa Kyai Sêkar Dalima.

Tuwan Anu: Rêdèn wau sadèrèngipun kawêdalakên, panggenanipun wontên ing pundi, sêrta lampahipun dhatêng mêsjid Agêng mêdal ing pundi.

Kawiswara: Sadèrèngipun kawêdalakên, panggènanipun wontên ing sajawinipun kori kêmandhungan ingkang sisih wetan, dados sasêlanipun ing kori gapit akalihan kori kêmandhungan wau, wondening lampahipun dhatêng mêsjid Agêng mêdal ing siti inggil ingkang sisih kilèn. Anuntên ngunjuk sêpisan wilujêngipun ing garêbêg, kaurmatan drèling prajurit tamtama akalihan miji pinilih, sami anigang rambahan, kasauran ing mêriyêm. <266>

Tuwan Anu: Prajurit miji pinilih akalihan tamtama, ingkang drèl wau panggenanipun baris wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Wontên ing siti inggil, prajurit tamtama wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn, prajurit miji pinilih wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan.

Tuwan Anu: Mêriyêm ingkang kaungêlakên wau panggenanipun wontên ing pundi.

Kawiswara: Wontên sajawinipun ing pagêlaran ingkang sisih lèr. Anuntên ingkang sinuhun dhawah dhatêng priyantun wêdana lêbêt kêkalih, ingkang sami lênggah wontên ing ngarsa dalêm, andikakakên dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati, angêpang hajat dalêm wontên ing mêsjid Agêng, sêrta ambagi ingkang wradin dhatêng abdi dalêm sêdaya.

Tuwan Anu: Kangjêng radèn adipati sowan wontên ing pundi, saudara.

Kawiswara: Wontên ing pagêlaran. Priyantun wêdana kêkalih wau lajêng mêdal dhatêng pagêlaran, andhawahakên pêngandika dalêm dhatêng kangjêng radèn adipati, wangsulipun saking pagêlaran dhatêng siti inggil wontên ing ngarsa dalêm malih, mawi munjuk, mênawi pêngandika dalêm sampun kadhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati. Sasampuning ngunjuk rambah kaping wolu, ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên gôngsa ingkang wontên ing alun-alun sêdaya. <267>

Tuwan Anu: Punika dhawah dhatêng sintên, saudara.

Kawiswara: Dhawah dhatêng priyantun wêdana lêbêt kêkalih wau. Botên antawis [anta...]

--- 140 ---

[...wis] dangu ingkang sinuhun kondur, wondening tatanipun ing lampah kondur dalêm inggih kados wiyos dalêm wau. Sarawuhipun ing kêdhaton, pinarak ing pêndhapi malih, lajêng ngunjuk wedang pêrêsan. Sarêng sampun, botên dangu kangjêng tuwan residhèn kondur, mawi ngaturi pista ing loji dhatêng kangjêng gusti pangeran adipati anom, akalihan dhatêng para pangeran sêpuh anem sêdaya, kangjêng radèn adipati sêrta para niyaka jawi lêbêt, inggih sami kaaturan.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun punapa botên mawi dipun aturi pista.

Kawiswara: Botên. Ingkang sampun dados adat, mênawi pista garêbêg, namung kangjêng gusti pangeran adipati anom, ingkang dipun aturi.

Tuwan Anu: Têdhakipun kangjêng pangeran adipati anom dhatêng loji punapa sarêng kalihan kangjêng tuwan residhèn.

Kawiswara: Inggih, malah tunggil sakêreta kalihan kangjêng tuwan residhèn. Sarêng langkungipun ing loji agêng, kangjêng gusti pangeran adipati anom wau kaurmatan ing mêriyêm saking loji agêng kaping tiga wêlas. Sabibaring pista, konduripun kangjêng gusti pangeran adipati anom kadhèrèkakên ing tuwan sukêtaris. <268> Salangkungipun ing loji agêng inggih kaurmatan ing mêriyêm, kados ingkang sampun kula aturakên wau.

Tuwan Anu: Bibaripun ing pista adat wanci jam pintên.

Kawiswara: Jam sêtêngah tiga utawi jam tiga.

Tuwan Anu: Pêngandika sampeyan wau, ingkang sinuhun sarêng pinarak wontên ing bangsal witana ngunjuk rambah kaping wolu, ingkang sêpisan wilujênging garêbêg. Lajêngipun ngantos kaping wolu wilujêngipun sintên.

Kawiswara: 1. Wilujênging garêbêg, 2. wilujêngipun kangjêng raja ing nêgari Wêlandi saputra sêntananipun, 3. wilujêngipun kangjêng tuwan guprênur jendral, 4. wilujêng dalêm ingkang sinuhun, 5. wilujêngipun kangjêng tuwan residhèn, 6, wilujêngipun kangjêng gusti pangeran adipati anom, 7. wilujêngipun putra sêntana dalêm, 8. wilujêngipun pulo Jawi.

Tuwan Anu: Kula rumiyin dipun cêriyosi ing tiyang, mênawi garêbêg, ingkang sinuhun mawi têdhak dhatêng mêsjid Agêng, punapa yêktos mêkatên.

Kawiswara: Inggih, mênawi garêbêg Mulud ing taun Dal.

Tuwan Anu: Mênggah lampah-lampahipun punapa sami akalihan ingkang sampun sampeyan prêtelakakên wau. <269>

Kawiswara: Wontên sanèsipun sêkêdhik. Wondening sanèsipun namung mêkatên. Sarêng ingkang sinuhun sampun ngunjuk sêpisan wontên ing siti inggil, sêrta sampun kaurmatan ing drèl tuwin mêriyêm, lajêng têdhak dharat miyos dhatêng mêsjid Agêng, [A...]

--- 141 ---

[...gêng,] kanthèn akalihan kangjêng tuwan residhèn. Sarawuhipun ing surambi, ingkang sinuhun pinarak ing dhampar wontên ing kobong majêng ngetan. Kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm tunggil sakobong, para tuwan-tuwan wontên ing têngên dalêm lênggah ing kursi majêng ngetan, para pangeran sêpuh wontên ing têngên dalêm, sami pinarak ing kursi majêng ngetan. Anuntên ingkang sinuhun dhawah dhatêng mas pêngulu, andikakakên andonga wilujêng dalêm ing garêbêg Mulud taun Dal.

Tuwan Anu: Ingkang sinuhun punapa dhawuh piyambak dhatêng mas pêngulu.

Kawiswara: Inggih. Sakèndêlipun andonga, ingkang sinuhun dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati, andikakakên ngêpang hajat dalêm sêrta ambagi ingkang wêradin dhatêng abdi dalêm sêdaya, anuntên ingkang sinuhun têdhak saha pinarak ing siti inggil malih, sasampuning ngunjuk jangkêp kaping wolu, mênggah lajênging pakurmatan sami kados<270> ingkang sampun kula aturakên wau, wedangipun ngantos asrêp, botên kaunjuk.

Tuwan Anu: Ngangkah punapa, saudara, yèn kula malah doyan ingkang ragi asrêp.

Kawiswara: Bab pêkurmatanipun ing garêbêg wau punapa inggih kêrsa sampeyan cathêti.

Tuwan Anu: Inggih, yèn botên kula cathêti, botên wande kêsupèn. Mênawi sampun kula pemuti badhe kula pintokakên ing sampeyan. Sarèhning panjang, bokmênawi wontên ingkang cèwèt.

Kawiswara: Priyogi sangêt, saudara.

Tuwan Anu: Sarèhning sampun dalu, kula badhe mantuk.

Kawiswara: Inggih, saudara, kula andhèrèkakên wilujêng.

64. over de buffel- en tijger-gevechten in den Kraton. Vrg. Javaansche brieven no. 186.

Tuwan Anu: Radèn ngabèi, aku anjaluk pitulung ing kowe anyurupake laku-lakune, yèn kangjêng sunan miyos ing dalêm Sênèn utawa Kêmis nganggo adu-adu kêbo karo macan banjur ngrampog macan. <271>

Radèn Ngabèi Kawiradya: Apa kowe durung tau nonton adu-adu lan nonton ngrampog macan.

Tuwan Anu: Uwis kêrêp bae, nanging aku ora nganggo nitèni laku-lakuning [laku-laku...]

--- 142 ---

[...ning] pêkurmatan, sing dak prêlokake mung nonton tarunging macan karo kêbo tuwin pêngrampoging macan.

Kawiradya: Prêlune apa kowe arêp sumurup laku-lakuning pêkurmatan iku.

Tuwan Anu: Arêp dak tulisi, sabab aku dijaluki pitulung marang kêwanuhanaku Wêlônda ing Bêtawi, anggawèkake prêtelane wiyos dalêm, yèn ngêrsakake ngadu-adu lan ngrampog macan.

Kawiradya: Sing kotakokake iku apa wiwitane pisan, sadurunge panjênêngan dalêm ingkang sinuhun miyos.

Tuwan Anu: Iya, urutên nganti sabubare ngadu -adu lan ngrampog.

Kawiradya: Wiwitane mêngkene, esuk wayah jam sanga ingkang sinuhun pinarak ing pêndhapa, banjur andhawuhake pêrentah mênyang abdi dalêm gandhèk, angaturi kangjêng tuwan residhèn. Barêng kangjêng tuwan residhèn têdhak tutug ing pêndhapa, ingkang sinuhun jumênêng banjur miyos, kanthèn karo kangjêng tuwan residhèn.

Tuwan Anu: Liyane tuwan residhèn, apa ora ana manèh sing malêbu <272> ing kêdhaton.

Kawiradya: E iya, aku kêlalèn. Tindake kangjêng tuwan residhèn mênyang kêdhaton karo tuwan sukêtaris sêrta ngirid tuwan-tuwan mêrdika, apadene upsir ing suwêtara, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara saputra sêntanane. Tuwan sukêtaris anganthi kangjêng gusti pangeran adipati anom.

Tuwan Anu: Wiyos dalêm saka ing kêdhaton, kanthèn karo tuwan residhèn apa kaya yèn pênuju garêbêg.

Kawiradya: Iya. Barêng tutug ing pagêlaran, panjênêngan dalêm pinarak ing bangsal pêngrawit, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi ana ing kiwa dalêm, para tuwan-tuwan padha lungguh ing kursi ana sajabaning bangsal ambanjêng mêngalor marêp ngetan, para pangeran sêpuh pinarak ing kursi arêp-arêpan karo para tuwan-tuwan mau.

Tuwan Anu: Para pangeran ênom padha lênggah ing êndi.

Kawiradya: Padha lênggah ngisor, ana ing têngên dalêm. Sawise panjênêngan dalêm ingkang sinuhun pinarak, kangjêng radèn adipati sakancane wêdana kliwon pênèwu mantri maju ing ngarsa dalêm, banjur kadangu, kêbone apa wis kaajoake mênyang pêngadon lan macane, kang bakal diadu sêrta kêbone apa <273> wis tau kaadu karo macan. Barêng kangjêng radèn adipati wis munjuk kang dadi pêndangu mau, anuli inuman maju ing ngarsa dalêm, ingkang sinuhun banjur ngunjuk wilujênge [wilujêng...]

--- 143 ---

[...e] kangjêng raja ing nagara Wêlônda.

Tuwan Anu: Apa anggêr kêbo wani diadu karo macan.

Kawiradya: Lagi tuture priyayi kalang kang duwe ladèn, ora cok kêboa wani diadu karo macan. Jarene ana pêthèke kang pancèn wani. Sawise ngunjuk mau, ingkang sinuhun majêng, pinarak ing dhampar sakiduling pêngadon. Kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi ana ing kiwa dalêm, kangjêng radèn adipati sakancane lungguh ngisor marêp ngulon. Sauwise ngadu-adu, kangjêng radèn adipati kadhawuhan tata gêgaman sakancane, ingkang sinuhun kanthèn karo kangjêng tuwan residhèn minggah ing panggung bakal aningali ngrampog macan, banjur pinarak ing dhampar, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi, para tuwan -tuwan kang milu munggah ing panggung padha ngadêk bae. Barêng macan kang dirampog wis padha mati, ingkang sinuhun têdhak saka ing panggung, akanthèn karo kangjêng tuwan residhèn, banjur pinarak manèh ana ing bangsal pêngrawit.

Tuwan Anu: Mungguh tataning lênggah, apa ora owah kaya kang wus kotuturake mau. <274>

Kawiradya: Ora. Barêng ingkang sinuhun wis pinarak, kangjêng radèn adipati sakancane sowan ing ngarsa dalêm, nuli kadangu baris kang ditêmpuh ing macan sêrta panggonan patining macan. Ingkang sinuhun banjur ngunjuk sêrambahan manèh wilujêng dalêm. Sawise ngunjuk, ingkang sinuhun andangu môngsa, lan bab abdi dalêm wong tani, kang sêsawah nganggo banyu udan lan kang nganggo banyu kali apadene gêdhe ciliking banyu kali.

Tuwan Anu: Sing didangu iku sapa.

Kawiradya: Kangjêng radèn adipati. Sawise kangjêng radèn adipati munjuk kang dadi pêndangu mau kabèh, ingkang sinuhun ngunjuk sêrambahan manèh wilujênge kangjêng tuwan residhèn, banjur kondur.

Tuwan Anu: Unining gamêlan nalikane ngadu-adu apa iku kang diarani monggang.

Kawiradya: Dudu, yèn ngadu-adu utawa ngrampog, gêndhinge galaganjur, monggang mono kang diunèkake ing dina Sêptu.

Tuwan Anu: Elingku biyèn, dhèk aku nonton adu-adu, wong kang ana sandhuwuring pêngadon nganggo nyiram banyu mênyang kêbone, iku banyu apa lan apa pêmurihe.

Kawiradya: Iku banyu kêmadhuh. Kêmadhuh iku godhong, gatêle angluwihi, yèn kêbone didêlêng rada wêdi mênyang macan, banjur disiram ing banyu <275> kêmadhuh, dipurih galake, gatêling kêmadhuh iku kang anangèkake kuwanène, [kuwanè...]

--- 144 ---

[...ne,] apa isih ana manèh kang bakal kotakokake.

Tuwan Anu: Ora, pêngrasaku wis têrang.

Kawiradya: Aku iki mau arêp têgar, kandhêg dening têkamu.

Tuwan Anu: Saiki isih durung kasèp, yèn kowe arêp têgar. Wêtaraku iki lagi sêtêngah nênêm, sêdhênge wong têgar, ora panas. Aku iya gêlêm milu têgar.

Kawiradya: Ayo.

65. over de vruchten van Java, de Doekoen's en de geneesmiddelen

Tuwan Anu: Kula wingi midêr-midêr dhatêng pêkên Agêng, aningali tiyang sade wowohan anglangkungi saking kathah, ingkang kula sumêrêpi namung pisang akalihan nanas sêrta jêram. Aliya saking punika kula dèrèng sumêrêp namanipun, tuwin ecanipun katêdha akalihan botênipun. Punapa ing tanah Jawi ngriki kathah wowohan ingkang eca katêdha.

Radèn Ngabèi Kawitana: Kathah, saudara, mênawi sampeyan badhe sumêrêp namanipun, kula kados sagêt amêstani sêtunggil-sêtunggilipun.

Tuwan Anu: Wowohan punapa ingkang sampun limrah katêdha. <276>

Kawitana: Ingkang sampun limrah katêdha, manggis, pijêtan, langsêp, kokosan, dhuku, rambutan, durèn, pêlêm, kuwèni, pakèl, kwèlêm, jêram, kêpundhung, jirak, nôngka, dalima, kêpêl, pisang, maja, kuwista, jambu, nanas, katès, mêlinjo, bêndha, kilayu, kêleca, sêmak, sarangan, dhuwêt, mulwa, surikaya, salak, mundhu, gowok, kêmojing, katilômpa, kêtos.

Tuwan Anu: Ingkang sampeyan prêtelakakên wau, punapa sêdaya eca katêdha.

Kawitana: Botên têrtêmtu eca sêdaya, kados ta pijêtan, langsêp, kokosan, dhuku, rambutan, pêlêm, kuwèni, kwèlêm, jêram, kêpundhung, jirak, nanas, dhuwêt, mundhu, gowok, wontên ingkang lêgi wontên ingkang kêcut. Kêleca, sêmak, salak, wontên ingkang lêgi wontên ingkang sêpêt.

Tuwan Anu: Pisang ingkang kula tingali kadhasarakên wontên ing pêkên wêrni-wêrni, wontên ingkang agêng, wontên ingkang panjang ragi gèpèng, wontên ingkang cêndhak alit, punika punapa sanès-sanès namanipun.

--- 145 ---

Kawitana: Inggih, saudara, sami-sami wowohan, ingkang kathah wêrninipun pisang, pêlêm, jêram, jambu.

Tuwan Anu: Punika kula badhe sumêrêp, mugi sampeyan sumêrêpakên.

Kawitana: Inggih, wêstaning pisang: raja, raja kusta, êmas, bêcici, pulut, kêluthuk, saba, kidang, gabu, garaita, ambon, kêpok, raja brêntêl, êbyok, raja taun, raja wêlingi, raja awu, raja urang, raja lumut, raja talun, raja dhèngkèl, raja blitung, raja sèwu, longok, rama, klemas, kêle, jambe, pulut salak, kêpyur, kêluthuk sukun. Wêstaning pêlêm, malam, bêku, êndhog, sêrowot, sêngir, bala, podhang, balênyik, bêlabur, tali jiwa, canthuk, gônda, wulung, dodol, dodol madu, dodol sari, dodol carang, dodol sêdayu, tinggi, gadhung, poh, nanas, kunir, kopèk, kêtela, santog, gandhik.

Tuwan Anu: Kathah sangêt wêstaning pisang punika, kula etang wêrni tigang dasa sêtunggil.

Kawitana: Dhasaripun pisang kathah piyambak wêrni-wêrninipun, atur kula wau èngêt-èngêtan kemawon. Kados têksih wontên ingkang kêlangkungan, wondening wêstaning jêram, kêprok, kranjang, pacitan, gêlundhung, butun, kuwik, kingkit, lawe, ranjam, lètèr, kêdhu, katès, pêcêl, purut, bali. Wêstaning jambu: klampok, lêgèn, dêrsana, wèr, bol, pêthokal, krikil, kêluthuk, galar, klampok arum. <278>

Tuwan Anu: Etang kula ingkang nami pisang wêrni tigang dasa sêtunggil, pêlêm wêrni pitu likur, jêram wêrni gangsal wêlas, jambu wêrni sanga.

Kawitana: Inggih, punika èngêt-èngêtan kemawon. Kados têksih wontên ingkang kêlangkungan, nanging botên kathah. Aliya saking wowohan, ingkang sampun kula prêtelakakên wau, wontên malih ingkang kenging katêdha, anama pala kapêndhêm akalihan pala kêsimpar.

Tuwan Anu: Punapa.

Kawitana: Ingkang nama pala kapêndhêm, bêsusu, kênthang, kacang cina, gadhung, uwi, gêmbili, gêmbolo, talês, linjik, kimpul, senthe, walur, kêtela, suwêg. Ingkang nama pala kêsimpar, sêmôngka, timun, krai, waluh.

Tuwan Anu: Mênggah ingkang sampun sampeyan prêtelakakên ingkang wiwitan pisan wau nama pala punapa.

Kawitana: Punika nama pala gumantung.

--- 146 ---

Tuwan Anu: Kula botên nyana mênawi ing tanah Jawi kathah wowohan ingkang eca kathêdha.

Kawitana: Sêmantên punika aliya saking wowohan ingkang saking tanah sabrang, sêtunggil kalih ing ngriki sampun wontên ingkang nanêm uwitipun sêrta sampun mêdali, nanging kula dèrèng sumêrêp wêstanipun.

Tuwan Anu: Têksih wontên malih ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan. Mênawi andadosakên parênging galih sampeyan mugi kasumêrêpna. <279>

Kawitana: Sumôngga, anggêr kula sumêrêp ingkang badhe kadangokakên, kula inggih sakêlangkung saking dhangan.

Tuwan Anu: Ing nêgari Surakêrta punapa wontên dhukunipun Jawi, ingkang anjampèni sêsakit.

Kawitana: O kathah, saudara.

Tuwan Anu: Ingkang dados dhukun punika tiyang jalêr punapa tiyang èstri.

Kawitana: Jalêr inggih wontên, èstri inggih wontên.

Tuwan Anu: Punapa ingkang kangge kadamêl jampi.

Kawitana: Punika kathah wêrninipun. Wontên anggi-anggi, wontên gêgodhongan, wontên êmpon-êmpon utawi oyod-oyodan.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan sumêrêp wêstaning anggi-anggi tuwin gêgodhongan ingkang asring kadamêl jampi.

Kawitana: Kathah ingkang kula sumêrêpi, ananging botên sumêrêp kanggenipun kadamêl anjampèni sêsakit. Awit kula botên sumêrêp ing ngèlmi pêdhukunan.

Tuwan Anu: Kula inggih badhe sumêrêp kemawon namaning anggi-anggi akalihan gêgodhongan ingkang kadamêl jampi.

Kawitana: Namaning anggi-anggi kathah sangêt. Ingkang sampun kula sumêrêpi, namung <280> pucuk ganthi, kalêmbak, jênitri, kapulaga, sintok, manis jangan, kajêng lêgi, pulasari, masoyi, saprantu, jintên cêmêng, jintên pêthak, adas, trawas, gêlam, jong rahab, klabêt, mungsi, pule, rasukangin, racak, mimi, jamur impês, majakan, crakên, jokêling, jêlawe, mêriyos, kumukus, cabe, sêcang, rasamala, cêndhana jênggi, pala, kajêng tinja, mênyan, tunjung, prusi, tawas, waron, unêm, gandhèk, têgari, têgêrang, jadhêm, panawar jambe, balêndok pilang, pêgatsih, ulêt-ulêt.

Tuwan Anu: Sêdaya punika punapa wêdalan ing tanah Jawi.

Kawitana: Botên, saudara, kathah ingkang wêdalan ing tanah sabrang, namung

--- 147 ---

ingkang wêrni gêgodhongan, wêdalan ing tanah Jawi, kados ta sampang, tikusan, ila-ila, sôngka, slangking, sèmbukan, lampês, sêmbung, widasari, urêk-urêk polo, pintèn, dhêmpo lêlêt, godhong asêm, kandhayaan, krêmah, krokot, injên-injênan, poksor, bayêm lêmah, bayêm raja, bayêm gatêl, godhong pare ayam, saga, kêtèpèng, katu, bêsaran, patikan, têtêr, irah-irahan, dhukut jarêm, karuk nangsi, cèplukan, sôngga langit, <281> lêng-lêngan, mêniran, sambang colok, sidaguri, ipit, papasan, timunan, landêp, rau, godhong kacipir, godhong lombok, godhong kelor, godhong wuni, apa-apa, kara, tapak liman, ranti, têmpuh wiyung, waung, jalumampang, samanggi gunung, kumuning, kêdoya, dhuwêt, godhong surèn, kênthang, dhadhap srêp, kêmladhehan, waluh, kêdhondhong, wora-wari bang, wora-wari rumpuk, pupus jambe, godhong randhu.

Tuwan Anu: Kathahing anggi-anggi mèh sami kalihan gêgodhongan ingkang kadamêl jampi.

Kawitana: Inggih. Mênggah gêgodhongan ingkang sampun kula prêtelakakên wau, mênawi kadamêl jampi wontên ingkang salin nama, kados ta: godhong asêm, dhukun amêstani sinom, godhong kacipir cêthèthèt, godhong lombok sabrang, godhong kelor limaran, godhong wuni mojar, godhong pare ayam tundhung, godhong injên-injênan dingkik, pupus jambe dêdêl, godhong randhu sêmara kandhi.

Tuwan Anu: Tiyang Jawi ingkang kadamêl urus- urus punapa.

Kawitana: Kalimrahanipun crakèn, kalêmbak, tuwin godhong jarak cina, punapadene kunci. Suwênèh dhukun mênawi anjampèni tiyang sakit, botên mawi anggi-anggi utawi gêgodhongan ingkang sampun kula aturakên wau <282> namung isarat toya, têrkadhang toya klapa kemawon kadonganan, kaombèkakên dhatêng ingkang sakit. Têrkadhang tiyang sakit mripat utawi abuh, punapadene tatu, namung kaidonan kemawon utawi kadilatan.

Tuwan Anu: Sêkêdhik punika ngumor-umori, têka panggenaning sakit mawi kaidonan utawi kadilatan. Aliya saking mêkatên, punapa sagêd mantun, namung kajampenan idu kemawon.

Kawitana: Namung kadamêl bêbasan kemawon kaidonan, yêktosipun kajapanan, mawi kaidonan sêkêdhik. Nanging angsalipun ngidoni botên kados tiyang idu makatên. Saèmpêr namung kados tiyang wicantên nyiprat idunipun. Wondening ingkang sampun kêlampahan wontên ingkang mantun, wontên ingkang botên, mawi-mawi bêgjanipun ingkang anjampèni akalihan ingkang dipun jampèni. [jampè...]

--- 148 ---

[...ni.]

Tuwan Anu: Wêstaning êmpon-êmpon dèrèng sampeyan prêtelakakên.

Kawitana: Wêrni-wêrnining êmpon-êmpon botên kathah kados gêgodhongan. Sasumêrêp kula namung têmulawak, têmu giring, têmu glènyèh, têmu lathi, têmu cêmêng, têmu poh, têmu badhur, lêmpuyang gajah, lêmpuyang prit, lêmpuyang kapur, kunir, sunthi, jae, kêncur, dringo, bêngle, kunci pêpêt, kunci kuning, kunci pêthak, laos.

Tuwan Anu: Êmpon-êmpon wau sêdaya punapa sami wêdalan ing tanah Jawi. <238>

Kawitana: Inggih, ing pêkên kathah tiyang sade êmpon-êmpon. Kula mangsuli pêndangu sampeyan bab dhukun wau, wontên dhukun suwênèh, mênawi dipun undang badhe dipun kèn anjampèni tiyang sakit, anggènipun anyukani jampi mawi milih dintên ingkang sae, mênawi pênuju dintên sangar, botên purun lumampah utawi anyukani jampi.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa.

Kawitana: Sabab punika dintên awon. Pitajêngipun tiyang Jawi, punika dintên turunipun sakathahing sêsakit sêrta bilai, mêkatên ugi tiyang badhe kêkesahan utawi gadhah damêl, mênawi pênuju sangar kasêrantosakên.

Tuwan Anu: Kula badhe sumêrêp awon saening dintên. Mênawi parêng mugi sampeyan sumêrêpakên.

Kawitana: Kula sakêlangkung dhangan nyumêrêpakên. Nanging sarèhning sapunika sampun dalu, sêrta badhe jawah, kula mugi sampeyan lilani mundur, benjing-enjing kula sowan malih.

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

66. over de ongelukkige dagen en de vermijding daarvan. Vrg. Tijdschrift voor Neêrlands Indië, 5de jaargang, 1ste deel, bl. 609-611

Tuwan Anu: Sakêlangkung bingah kula sampeyan rawuh. Sampeyan wau <284> punapa saking ing dalêm kemawon.

Kawitana: Inggih, nanging mawi mampir ing Pacinan sêkêdhap, ngupados sêngkêlat ijêm botên angsal.

Tuwan Anu: Sêngkêlat ijêm kakêrsakakên badhe kadamêl punapa, mênawi

--- 149 ---

botên kathah, kula gadhah.

Kawitana: Badhe kula damêl sikêpan. Kalih elo kemawon kados cêkap.

Tuwan Anu: Mênawi namung kalih elo, kula gadhah, mangke kula pêndhêt. Lah punika, saudara, wêrninipun. Mênawi cêkap kadamêl sikêpan, kula saosakên ing sampeyan.

Kawitana: Sangêt pênuwun kula sampeyan paringi. Kala rumiyin kula sampun nate akèn damêl sikêpan sêngkêlat, lêbêtanipun namung kalih elo, amêsthi inggih cêkap.

Tuwan Anu: Punika malah langkung sêtêbah kalih elonipun. Sampeyan pinarak, saudara.

Kawitana: Inggih. <285>

Tuwan Anu: Mênawi parêng, kula andumugèkakên pênyuwun kula wingi, badhe sumêrêp ingkang dipun wêstani dintên sangar.

Kawitana: Inggih. Yèn ing wulan Sura akalihan Sapar, sangaripun dintên Sêptu akalihan Ngahad. Ing wulan Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, sangaripun dintên Sênèn akalihan Slasa. Ing wulan Jumadilakir, Rêjêb, Ruwah, sangaripun dintên Rêbo akalihan Kêmis. Ing wulan Siyam, Sawal, Dulkangidah, sangaripun dintên Jumungah. Ing wulan Bêsar, sangaripun dintên Sêptu akalihan Ngahad.

Tuwan Anu: Punapa sampun mêsthi, yèn tiyang anjêjampèni utawi kêkesahan punapadene gadhah damêl pênuju dintên sangar, botên priyogi kêdadosanipun.

Kawitana: Botên nama mêsthi mêkatên. Ananging adat asring botên priyogi ingkang pinanggih, alitipun manggih rêribêt, agêngipun manggih bilai, mêkatên ingkang dados pitajêngipun tiyang Jawi, ananging kula piyambak sampun anglampahi kêkesahan pênuju dintên sangar, têka wilujêng, têrkadhang sanèsipun kula inggih sampun wontên ingkang nglampahi mêkatên. Malah kula sampun sumêrêp tiyang ingkang kêkesahan pênuju botên dintên sangar, têka amanggih bilai, ananging sarèhning sampun dados pitajênganipun tiyang kina, mila ngantos ing sapunika kathah <286> ingkang ngèstokakên, dados kayêktosan kawon dening adat.

Tuwan Anu: Saupami sampeyan anampèni dhawahing pêrentah pênuju dintên sangar, kautus dhatêng ing pundi-pundia, punapa botên sampeyan lampahi tumuntên.

Kawitana: Mênawi dhawah wau botên pêrlu, inggih kula sarèhakên. Bilih [Bi...]

--- 150 ---

[...lih] prêlu, inggih kula lampahi tumuntên. Ananging mênggah anglampahi dhawahing pêrentah utawi dhawahing ratu, ingkang lêrês botên mawi milih dintên ingkang sae, anyingkiri dintên sangar wau namung ing pêdamêlanipun piyambak. Sêmantên punika inggih namung pêdamêlan ingkang kenging kasarèhakên.

Tuwan Anu: Aliya saking dintên sangar, punapa wontên malih ingkang dipun singkiri ing tiyang Jawi.

Kawitana: Wontên, dipun wêstani nahasing wulan.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun nahas.

Kawitana: Nahas punika tiyang Jawi ngriki amêstani têmbung Arab, têgêsipun sami akalihan sangar, sangar punika Kawi, têgêsipun busik, singkir.

Tuwan Anu: Wulan punapa ingkang nahas.

Kawitana: Wulan ingkang wontên nahasipun pitu, Sura, Rabingulakir, Jumadilawal, Siyam, Sawal, Dulkangidah, Bêsar.

Tuwan Anu: Dintên punapa ingkang sangar salêbêtipun wulan pitu wau. <287>

Kawitana: Mênawi ing wulan Sura, tanggal kaping 13 nahas, kala Kangjêng Nabi Ibrahim dipun obong dhatêng Raja Namrud. Ing wulan Rabingulakir tanggal kaping 16 nahas, kala Kangjêng Nabi Yusup kalêbêtakên ing sumur. Ing wulan Jumadilawal tanggal kaping 5 nahas, kala Kangjêng Nabi Ênuh dipun kêlêm. Ing wulan Siyam tanggal kaping 21 nahas, kala Kangjêng Nabi Musa pêrang akalihan Raja Pirngon. Ing wulan Sawal tanggal kaping 3 nahas, kala Kangjêng Nabi Adam katurunakên saking swarga. Ing wulan Dulkangidah tanggal kaping 24 nahas, kala Kangjêng Nabi Yunus dipun untal ing ulam nun. Ing wulan Bêsar tanggal kaping 25 nahas, kala Kangjêng Rosulullah kagutuk ingkang waja.

Tuwan Anu: Kula rumiyin dipun cêriyosi dhatêng Radèn Ngabèi Kawiradya, tiyang Jawi mênawi badhe kêkesahan, yèn wontên prêkawis, mawi isarat ing sadèrèngipun kesah, punika punapa yêktos.

Kawitana: Inggih yêktos. Isarat wau saking anggènipun anglêluri lampahipun para Nabi saha para sahabat Rasul. Mênawi kêkesahan ing dintên Ngahad, isaratipun ngangge sumping, punika lampahipun Kangjêng Nabi Yusub. Ing dintên Sênèn anatap lêlandhêp, lampahipun Bagendha Ngumar. Ing <288> dintên Sêlasa manggang tangan ing latu, lampahipun Bagendha Abu Bakar. Ing dintên Rêbo kudhung sinjang, lampahipun Kangjêng Nabi Ayub. Ing dintên Kêmis tumênga ing langit, lampahipun Bagendha Ali. Ing dintên Jumungah kêkêmu, lampahipun Kangjêng Nabi Muhammad. Ing dintên Sêptu, ngandhut siti, kadèkèk ing pusêr, lampahipun Kangjêng Nabi Adam.

--- 151 ---

Tuwan Anu: Punika punapa pêmurihipun.

Kawitana: Namung supados wilujênga lampahipun. Tiyang Jawi punika saudara, kathah ênak-ênikipun. Aliya saking ingkang sampun kula aturakên wau têksih wontên malih ingkang dipun lêluri sêrta kaèstokakên, kados ta: watêking wuku, watêking taun, sangating kêlairan, lampahing naga, watêking windu, takbiranipun ing grahana srêngenge akalihan rêmbulan, ngêlamating lindhu, ngêlamating kêdut, ngêlamating supêna, ngêlamat ungêling pêksi prênjak utawi dhandhang, isaratipun ing têtanèn, dalasan badhe ngadêgakên griya sapênunggilanipun utawi badhe nênanêm, mawi amilih wulanipun ingkang sae.

Tuwan Anu: Punika sêdaya kula kêpingin badhe sumêrêp.

Kawitana: Inggih saudara, benjing kula damêlakên ingkang têrang, ing sapunika <289> kula sampeyan lilani mundur, kula badhe lajêng dhatêng ing Kawiswaran, anjênêngi panggihing pêngantèn.

Tuwan Anu: Inggih, kula ing sapunika inggih dhatêng ing Pacinan ngupados kêrtas Wêlandi, badhe kula damêl nêdhak sêrat Arjuna Sasrabau Kawi.

67. over de Dalangs en hun kennis van het Kawi, en verklaring van een paar coupletten van de Bråtå-joedå-Kawi

Tuwan Anu: Kala ing malêm Ngahad kula ningali ringgit wêcucal ing dalêmipun Radèn Ngabèi Kawiradya ngantos sadalu natas, Radèn Ngabèi Kawiswara kalih Radèn Ngabèi Kawindra inggih wontên. Sanjangipun Radèn Ngabèi Kawiradya dhatêng kula, sampeyan inggih dipun aturi.

Radèn Ngabèi Kawitana: Inggih, ananging kala sêmantên kula pênuju sakit ngêlu, mila botên dhatêng, aliya saking panjênêngan sampeyan, tamunipun Wêlandi malih sintên.

Tuwan Anu: 1. Tuwan Yakob, 2. Tuwan Yan, 3. Tuwan Pit, 4. Tuwan Kêlas, 5. Tuwan Bastian. <290>

Kawitana: Lampahanipun punapa, saudara.

Tuwan Anu: Wêstaning lampahan kula botên sumêrêp. Ingkang kacriyos, kala Prabu Krêsna jumênêng ratu wontên ing Dwarawati.

Kawitana: Punika dipun wêstani lampahan Kunjara Krêsna. Sampeyan punapa mangêrtos sêdaya wicantêning dhalang.

Tuwan Anu: Kathah ingkang botên kula sumêrêpi, awit mawi dipun êmori [êmor...]

--- 152 ---

[...i] Kawi, nanging uruting cêriyos kula sumêrêp sêdaya, wiwitan ngantos dumugi bibaripun.

Kawitana: Sampun ingkang panjênêngan sampeyan, yèn sumêrêpa ing Kawi, bôngsa kula tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp.

Tuwan Anu: Punapa mêkatên, saudara.

Kawitana: Inggih, panjênêngan sampeyan kula aturi andangu dhatêng Radèn Ngabèi Kawirêja, utawi dhatêng Radèn Ngabèi Kawiswara tuwin dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra punapadene dhatêng Radèn Ngabèi Kawiradya, dalasan dhalang sampun sampeyan galih pêtitis sumêrêpipun dhatêng Kawi.

Tuwan Anu: Kula sawêg sumêrêp sapunika, mênawi tiyang Jawi kathah ingkang botên sumêrêp ing Kawi, wondening dhalang sampeyan wêstani botên pêtitis sumêrêpipun dhatêng Kawi, punika adamêl eraming manah kula, mila mêkatên, lêrêsipun ingkang mêsthi sumêrêp dhalang, awit garapanipun ringgit wêcucal sêrta punika ingkang dados pêngupajiwanipun.

Kawitana: Lêrêsipun inggih mêkatên, nanging kayêktosanipun botên. <291> kathah tiyang ingkang nêgêsi Kawi awaton dugi-dugi, saking lumuhipun kawêstanan botên sumêrêp. Kados ta ada-adanipun ing ringgêtringgit. purwa, punika sêdaya pamêndhêtipun saking sêrat Kawi, kula mêsthèkakên anggêr tiyang sumêrêp sêdaya.

Tuwan Anu: Ada-ada punika pamêndhêtipun saking sêrat punapa.

Kawitana: Saking sêrat Bratayuda Kawi, saking sêrat Rama Kawi, saking sêrat Arjuna Sasrabau Kawi, saking sêrat Wiwaha Kawi.

Tuwan Anu: Kula punika ta kêpingin badhe sumêrêp ing Kawi, sumêja amêndhêt guru dhalang, nanging manah kula lajêng cuwa mirêng pêngandika sampeyan wau.

Kawitana: Mênawi sampeyan kêrsa sumêrêp têmbung Kawi, kula mriyogèkakên anggêguru dhatêng Radèn Ngabèi Kawirêja, awit punika pujôngga agêng, sakêrsa sampeyan kados botên cuwa.

Tuwan Anu: Lah punika Radèn Ngabèi Kawirêja dhatêng. Sampeyan pinarak, saudara.

Kawirêja: Inggih. Sampeyan punapa sampun dangu adhi ngabèi.

Kawitana: Dèrèng. Sampeyan wau sawêg kula raosi akalihan saudara sampeyan tuwan.

Kawirêja: Inggih. <292>

Kawitana: Saudara sampeyan tuwan badhe sumêrêp têmbung Kawi, kêrsanipun badhe mundhut guru dhalang, sarêng kula matur mênawi dhalang botên pêtitis sumêrêpipun dhatêng [dha...]

--- 153 ---

[...têng] Kawi, galihipun lajêng cuwa, kula mriyogèkakên apuruhita dhatêng panjênêngan sampeyan, sakêrsanipun kados botên cuwa.

Kawirêja: Kula punika botên rumaos gadhah kêsagêdan. Tiyang kathah amêstani pujôngga, yêktosipun taksih tidha-tidha, ewadèntên mênawi dipun kêrsakakên dhatêng panjênênganipun tuwan kula sakêlangkung bingah.

Tuwan Anu: Sampeyan punika sangêt angêsorakên sêrira, botên wontên kukus tanpa latu.

Kawirêja: Kula sumôngga anggèn sampeyan anggalih.

Tuwan Anu: sarèhning sampeyan sampun parêng, amulang Kawi dhatêng kula, sakêlangung andadosakên suka bingah kula.

Kawirêja: Inggih, saèstu botên kula awratakên kêrsa sampeyan punika, sêrat Kawi sampeyan punapa sampun kagungan.

Tuwan Anu: Gadhahan kula sêrat namung sêtunggil, Bratayuda Kawi. <293>

Kawirêja: Punika priyogi kadamêl wiwitan sinau têmbung Kawi.

Tuwan Anu: Inggih, kalih dening kêdhik- kêdhik sampun wontên jarwanipun, duka sampeyan lêrês lêpatipun, mangke kula pêndhêt. Lah punika, saudara.

Kawirêja: Sêratanipun sae, ngêtumbar sêrta ajêg.

Tuwan Anu: Punika jarwanipun namung sêkêdhik wontên saking gangsal wêlas pada.

Kawirêja: Wiwitanipun pisan botên wontên. Punika namung wiwit kala Pêndhawa sampun wontên ing Thêgal. Têgal. Kuru, Arjuna wêlas aningali mêngsahipun, nanging anggènipun anjarwani ing sasumêrêp kula kathah ingkang lêpat. Mangke kula upadosi Kawinipun. Lah punika sampun pinanggih.

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, kula ingkang ngungêlakên, sampeyan ingkang ningali jarwanipun. Mênawi wontên ingkang lêpat, mugi sampeyan ewahi.

Kawirêja: Inggih, sumôngga.

Tuwan Anu: Mulat mara sangar, juna smukama, nusan kasrêpan, ri tingkahing mungsuh, niran padha kadang, taya mwang wanèh, anawwangana king, yayah muwang ngibu lèn uwa nggêh paman, mangka dinarpasa, liya Bisma Karpa sang, dwijanggêh guru. <294>

Kawirêja: Jarwanipun bibrah saudara, botên kenging dipun ewahi, awit mèh kêlintu sêdaya, aluwung kula damêlakên sanès. Kula ingkang matur, sampeyan ingkang nyêrati.

Tuwan Anu: Inggih priyogi, saudara.

--- 154 -- -

Kawirêja: Sarèhning Kawinipun punika mawi sêkar, mênawi katêgêsan sêpada lingsa-sêpada lingsa kirang têrangipun. Kêdah wêtahipun saukara pisan.

Tuwan Anu: Inggih, sumôngga.

Kawirêja: Mulat mara Sang Arjuna smu kamanusan kasrêpan ri tingkahing mungsuhniran, têgêsipun: aningali majêng Sang Arjuna sêmu kêjodheran ngêloko dhatêng pratingkahing mêngsahipun. Padha kadang, têgêsipun sami sêdhèrèk, tayawwang wanèh, têgêsipun botên wontên tiyang sanès. Anawwanganaking yayah, mwang ibu lèn uwan gêh paman. Têgêsipun wontên tiyang anaking bapa, miwah ibu sêrta uwa prênah paman. Mangkadi narpa Salya Bisma Karpa Sang Dwijanggêh guru, têgêsipun: ingkang dados Prabu Salya Bisma Kêrpa Sang Pandhita, kaakên guru.

Tuwan Anu: Jawinipun pangraos kula botên urut sêrta botên têrang.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan, mila botên urut amêrgi anggèn kula nêgêsi manut saungêl-ungêlaning Kawinipun. Wondening têrangipun ing têmbung Jawi mêkatên: Sang Arjuna aningali, tumuntên majêng, ing sêmu kêjodheran <295> yèn ngêloko aningali pratingkahing mêngsahipun. Dene sami sêdhèrèk. Botên wontên tiyang sanès. Wontên ingkang anaking bapa tuwin anaking biyung, sêrta anaking uwa, wontên ingkang kêprênah paman, ingkang kados Prabu Salya Bisma Kêrpa Drana,Drona,. punika sampun sami kaakên guru.

Tuwan Anu: Sapunika têrang, kalih dening kula tandhing akalihan jarwa gadhahan kula, gèsèhipun sangêt, kados rintên akalihan dalu.

Kawirêja: Kagungan sampeyan jarwa punika ingkang damêl sintên.

Tuwan Anu: Ingkang damêl Mas Ngabèi Jayabumakit.

Kawirêja: Jarwa kêkalih wau kula mriyogèkakên sampeyan pintokakên dhatêng para pujôngga, supados sampeyan sumêrêpa ingkang lêrês akalihan ingkang lêpat. Sampun ngantos kula kagalih angunggulakên dêdamêlan kula, anacat dêdamêlanipun tiyang sanès. Mênawi pujôngga amêstani lêpat anggèn kula nêgêsi, kula inggih ngawon.

Tuwan Anu: Kados botên susah kula pintokakên. Kula sampun pitajêng ing lêrêsipun anggèn sampeyan nêgêsi, namung kula badhe pitakèn sêkêdhik. Ing sêpada wau têmbungipun anggêh mungêl kaping kalih, ingkang sêtunggil sampeyan <296> têgêsi kêprênah, sêtunggil sampeyan têgêsi kaakên, punika punapa botên kêlintu.

Kawirêja: Botên, saudara, anggêh punika têgêsipun anggêp, prênah, [prê...]

--- 155 ---

[...nah,] angkah: yèn kaungêlakên prênah guru, botên pikantuk. Wondening kaakên guru utawi kaanggêp guru, êtrapipun wontên ing ukara wau sami kemawon.

Tuwan Anu: Sumôngga, punika sampeyan priksa, kados inggih lêpat malih.

Kawirêja: Anggènipun nêgêsi têka mêlumpat- mêlumpat. Punika saèmpêr kados kala Gathotkaca kadhawahan dhatêng Prabu Krêsna amêthukakên Kêrna.Karna. Mangke kula upadosi Kawinipun. Lah punika sampun pinanggi.pinanggih.

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, kula ingkang ngungêlakên, sampeyan ingkang mriksa jarwanipun.

Kawirêja: Inggih sumôngga.

Tuwan Anu: Irika ta Sang, Gathotkaca kinon, mapag arkasuta, têkapira Krê, sna Parta manhêr, muji saktinira, sanginujaran, wawang masmu gar, jita harsa marêk, mawa canaba, gyayan ana pakon, ring patik narpati.

Kawirêja: Irika ta Sang Gathotkaca kinon mapag arkasuta tkapira Krêsna Parta. Têgêsipun: ing ngriku Sang Gathotkaca kadhawahan mêthukakên Arkasuta dening <297> Krêsna Pêrta. Manhêr muji saktinira, têgêsipun: lajêng anggunggung kasêktènipun. Sang inujaran wawang masmu garjita arsa marêk. Têgêsipun: ingkang dipun pêngandikani nuntên sêmu bingah, girang anyakêt. Mawacana bagya yan ana pakoning patik narpati, têgêsipun: matur bêgja mênawi wontên dhawah dhatêng abdi sang prabu. Jangkêp sêrta têrangipun ing têmbung Jawi mêkatên: ing ngriku Gathotkaca kadhawahan dhatêng Prabu Krêsna sêrta Pêrta, amêthukakên Suryaputra, tumuntên sami anggunggung kasêktènipun Gathotkaca, ingkang dipun pêngandikani, girang anyakêt saha matur, kawula bêgja, dene wontên dhawah dalêm dhatêng kawula.

Tuwan Anu: Jarwa gadhahan kula punika gèsèh malih akalihan anggèn sampeyan nêgêsi, nanging botên patos sangêt kados ingkang sampun wau.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Ingkang wiwitan wau sêkaripun punapa, saudara.

Kawirêja: Ingkang wiwitan wau sêkaripun Sêkar Rini, ingkang kantun sêkaripun Kawitana.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan parêng, kula suwuni pitulung anjawèkakên sêrat Bratayuda Kawi punika.

Kawirêja: Kula dhangan kemawon. Anggêr kenging tambanan. Awit tiyang lumampah ing damêl, kados kula, botên kenging katêmtokakên lêganipun. <298>

Tuwan Anu: Inggih, saudara, sampeyan garap ing sadhangan sampeyan [sampeya...]

--- 156 ---

[...n] kemawon. Lami-lami inggih rampung.

Kawirêja: Inggih. Angsal kula lêlênggahan sampun dangu, kula sampeyan lilani mundur, kalih dening kagungan sampeyan sêrat Bratayuda punika, mênawi parêng kula bêkta ing sapunika.

Tuwan Anu: Inggih, saudara.

Kawirêja: Sampeyan punapa botên mundur, adhi ngabèi.

Kawitana: Inggih. Kula sampeyan lilani mundur, saudara.

Tuwan Anu: Inggih.

68. over de tooneelvertooningen en danseressen

Tuwan Anu: Saudara, ringgit ing nêgari Surakêrta wêrni pintên.

Radèn Ngabèi Kawiradya: Ingkang sampeyan dangu punika ringgit wêcucal punapa ringgit têlèdhèk utawi ringgit arta.

Tuwan Anu: Punapa ringgit dede kramanipun wayang.

Kawiradya: Inggih, nanging têmbung ringgit, mênawi botên dipun rangkêpi wayang utawi <299> wêcucal tuwin têlèdhèk, ngêmu raos tiga, ingkang sampeyan dangu èwêd wangsulanipun, awit wayang akalihan têlèdhèk kramanipun namung sêtunggil, inggih ringgit wau, saha arta sêlaka wontên ingkang nama ringgit.

Tuwan Anu: Dados angsal kula pitakèn kirang têrang, kula wêstani ringgit wau namung kramanipun wayang.

Kawiradya: Inggih, pêndangu sampeyan ingkang kirang têrang, ewadèntên mênawi ing ngajêng sampun nyêbutakên sêpisan wêcucal utawi têlèdhèk, botên prêlu mawi karangkêpan kados atur kula wau.

Tuwan Anu: Sangêt trima kasih kula, sampeyan lêrêsakên lêpatipun anggèn kula wicantên.

Kawiradya: Pêngandika sampeyan andangu wau dede nama lêpat, nama kirang.

Tuwan Anu: Mênggah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan wau ringgit wêcucal.

Kawiradya: Ing nêgari Surakêrta ringgit wayang punika wêrni sêkawan, 1. ringgit Purwa, 2. ringgit Gêdhog, 3. ringgit Kêlithik, 4. ringgit Bèbèr, kala ing jaman kina wontên ringgit tiyang, yasanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunêgara

--- 157 ---

kaping sêpisan, ing sapunika sampun botên wontên, wêrtosipun ringgit tiyang wau ing nêgari Ngayogyakêrta taksih wontên. <300>

Tuwan Anu: Mênggah ingkang kadamêl lampahanipun ringgit gangsal prêkawis wau punapa sami kemawon.

Kawiradya: Botên. Mênawi ringgit Purwa akalihan ringgit tiyang, ingkang kadamêl lampahan inggih purwa, wiwit kala Manikmaya saurutipun ngantos dumugi Bratayuda. Ringgit Gêdhog akalihan ringgit Bèbèr, anyariyosakên lampahanipun Panji. Ringgit Kêlithik anyariyosakên lampahanipun nêgari ing Maospait kala jumênêngipun ratu èstri putrinipun Prabu Brawijaya, pêrang akalihan Prabu Menakjingga ing Bêlambangan. Sêratipun ingkang nyriyosakên lampahanipun prabu èstri akalihan Prabu Menakjingga wau anama Damarwulan.

Tuwan Anu: Èngêt kula sêpisan sampun nate maos sêrat pêrangipun ratu èstri akalihan ratu ing Blambangan. Ingkang dados wêwinihing pêrang, ratu èstri wau anampik pênglamaripun Prabu Menakjingga, wondening ingkang mêjahi Prabu Menakjingga, gamêlipun Patih Logêndèr, anama Damarwulan.

Kawiradya: Inggih lêrês mêkatên.

Tuwan Anu: Ingkang dipun wêstani wayang Kêrucil punika punapa, saudara.

Kawiradya: Ingkang dipun wêstani Kêrucil punika inggih ringgit Kêlithik. Wontên ingkang mêstani ringgit wêcucal. Ingkang lampahan Damarwulan inggih ugi nama <301> Kêrucil. Ananging kula dèrèng sumêrêp.

Tuwan Anu: Wêcucal punapa ingkang kadamêl ringgit kawan prêkawis wau.

Kawiradya: Ingkang kadamêl ringgit Purwa akalihan ringgit Gêdhog wêcucal maesa, ingkang kadamêl ringgit Klithik kajêng, namung tanganipun kemawon wêcucal. Wondening ringgit Bèbèr ingkang kadamêl dêlancang, kasêrat wêrni ringgit, saèmpêr kados gambar.

Tuwan Anu: Tiyang nanggap ringgit wêcucal utawi ringgit Kêlithik dalu punapa siyang.

Kawiradya: Mênawi ringgit Purwa akalihan Gêdhog, ingkang sampun dados kêlimrahanipun nêgari ing Surakêrta, pênanggapipun namung dalu kemawon. Ananging ingkang katanggap siyang inggih wontên. Adat ingkang nanggap bôngsa sabrang, kados ta tiyang Wêlandi, Cina sasaminipun. Ringgit Kêlithik pênanggapipun pancèn siyang kemawon. Nanging ingkang nanggap dalu têrkadhang inggih wontên. Wondening ringgit Bèbèr pananggapipun siyang utawi dalu.

Tuwan Anu: Pêngringgitipun punapa ngantos dangu.

--- 158 ---

Kawiradya: Ringgit Purwa utawi Gêdhog mênawi katanggap dalu, ngantos sadalu natas. Yèn katanggap siyang, inggih sadintên muput. Yèn dalu wiwitipun jam wolu utawi ngajêngakên sêtêngah sanga, angantos byar, mênawi siyang, wiwit jam <302> wolu enjing angantos sêrap utawi sêtêngah pitu, ringgit Kêlithik ingkang pancèn barangan, pênanggapipun sakajêngipun ingkang nanggap. Mênawi dede barangan, pênanggapipun kados ringgit Purwa akalihan Gêdhog wau, wondening ringgit Bèbèr, sakajêngipun ingkang nanggap.

Tuwan Anu: Salami kula wontên nêgari ing Surakêrta, dèrèng nate aningali ringgit Bèbèr.

Kawiradya: Mênawi salêbêting nêgari botên wontên. Ingkang têksih wontên, ing tanah Rêdikidul.

Tuwan Anu: Gôngsa ingkang kaangge ing ringgit gangsal prêkawis wau, punapa sami kemawon, saudara.

Kawiradya: Botên. Mênawi ringgit Purwa utawi ringgit Tiyang, gangsanipun sêlendro, Gêdhog akalihan Kêlithik gangsanipun pelog. Ringgit Bèbèr namung rêbab kemawon.

Tuwan Anu: Ringgit Wêcucal sêlampahan ngantos pêngaos pintên, saudara.

Kawiradya: Punika mawi-mawi agêng alit sêrta awon saening ringgit. Mênawi tumbas ingkang agêng saha ingkang sae, nanging pulasan kemawon kados angsal 150 utawi 200 rupiyah, mênawi praosan ngantos 650 utawi 700 rupiyah, yèn pulasan pilihan kalih praosan 350 rupiyah, yèn lugas 120, ananging mênawi sêdaya wau <303> damêl piyambak botên cêkap arta sêmantên.

Tuwan Anu: Damêl piyambak kadospundi.

Kawiradya: Ngepahakên akèn damêl, dados natahakên, mulasakên utawi mraosakên punapadene nyêmpuritakên piyambak kaotipun kathah, tumbas akalihan damêl piyambak. Kula sumêrêp piyambak kala Bêndara Pangeran Anu ngêrsakakên yasa ringgit Purwa, epahipun natah kemawon ringgit satunggil caruk toya tigang rupiyah, sampeyan galih, ringgit sêkothak pêpakipun kirang langkunga botên kathah, kados wontên saking kalih atus iji.

Tuwan Anu: Kathah sangêt wragadipun tiyang damêl ringgit Wêcucal.

Kawiradya: Inggih, ingkang kula aturakên wau sawêk epahipun natahakên kemawon, dèrèng wragadipun mulasakên utawi mraosakên punapadene [puna...]

--- 159 ---

[...padene] nyêmpuritakên.

Tuwan Anu: Kula botên andugi, mênawi kathah mêngkatên wragadipun.

Kawiradya: Sampeyan sumêrêp ringgit wêcucal kagungan dalêm ingkang sinuhun, kados eram. Saenipun anglangkungi, gêgêlipun sami êmas sêdaya, wragadipun kados botên cêkap tigang ewu rupiyah. <304>

Tuwan Anu: Gêgêl punika punapa.

Kawiradya: Kancingipun athik-athikan ing pundhak, ing sikut, ing èpèk-èpèk ingkang angsal ing tuding sêrta kancinging gapit rêmpah, tuwin kancinging cêmpurit ing têngah, punika sêdaya nama gêgêl.

Tuwan Anu: Ingkang sampeyan wêstani tuding, gapit rêmpah, sêrta cêmpurit wau punapa.

Kawiradya: Tuding, ingkang pancèn kadamêl molahakên tanganing ringgit, gapit rêmpah, gapiting pêrampogan, gajah, kapal, sawêr sêrta sima. Cêmpurit, gapiting ringgit ingkang kagapitakên ing awak. Wondening cêmpurit wau wontên ingkang amêstani gapit.

Tuwan Anu: Kula sawêg midhangêt cêriyos sampeyan kemawon bab kagungan dalêm ringgit wêcucal wau sampun eram, iba yèn kula aningalana piyambak. Kula amangsuli pitakèn, saudara, sarèhning pêngandika sampeyan wau ringgit ingkang agêng pulasan kemawon ngantos pêngaos 150 utawi 200 rupiyah, dados kula anggadhahi pêmanah, mênawi ringgit wêcucal punika wontên pangkat-pangkatipun.

Kawiradya: Inggih, saudara, ing nêgari Surakêrta ringgit wêcucal kadamêl kawan pangkat, alit, dhara, agêng, kakanging agêng. Ingkang alit, mênawi pulasan <305> sêrta praosan, anama kidang kancanan. Kakanging agêng anama jujutan.

Tuwan Anu: Mênggah lampahanipun kathah pundi ringgit Purwa akalihan ringgit Gêdhog.

Kawiradya: Mênawi lampahanipun ringgit Purwa ingkang sampun kaanggêp yêktos, wiwit saking Manikmaya saurutipun mêngandhap dumugi Bratayuda, inggih namung wujud lampahan sêtunggil. Ananging carangipun kathah, mêkatên ugi ringgit Gêdhog. Ananging sami-sami, kathah carangipun ringgit Purwa akalihan ringgit Gêdhog.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun carang.

Kawiradya: Carang mêkatên lampahan anggitan.

Tuwan Anu: Mênggah cêriyosipun Arjuna Sasrabau akalihan Rama, punika kadamêl lampahan ringgit Purwa punapa Gêdhog.

--- 160 ---

Kawiradya: Kadamêl lampahan ringgit Purwa.

Tuwan Anu: Pintên wragadipun tiyang nanggap ringgit wêcucal.

Kawiradya: Epahing dhalang, mênawi bebasan, ing dalêm sêdalu utawi sêdintên, kalih dasa rupiyah ngalih wêlas uwang, aliya saking pêtumbasing tike sêrupiyah, sêrta bêrahan pambêktaning kothak sagangsanipun. Punapadene yèn dalu ingkang nanggap mawi anyukani lisah, kadamêl ngêjogi blencong, mênawi mawi ngingoni, epahipun sêdasa rupiyah, inggih ngalih wêlas uwang, ingon sêkul sarampadan sapangananipun kaping kalih, sontên akalihan enjing, wondening <306> ingkang nama sajèn, uwos sêdangan, klapa sêtunggil, gêndhis sêtangkêp, pisang sêtangkêp, sêdhah saabênipun, lisah sundhul langit sêcupu, bênang sêtukêl, panggang ayam, tumpêng, tindhihipun kalih uwang, gêlaran bôngka sêtunggil, ayam gêsang sêtunggil, tike pêngaos sêrupiyah, rokok wangèn, mênyan.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang tèh, saudara.

Kawiradya: Kula punika siyam, saudara.

Tuwan Anu: Sampun dados galih sampeyan, kula botên sumêrêp. Wingi kula midêr-midêr dhatêng Pêcinan, dumugi salèring krêtêg agêng, aningali tiyang numpak kapalan, ingkang dipun damêl saèmpêr kados êpring dipun anam, ingkang numpak mawi nyêpêng tumbakan, duka sampeyan êpring, utawi kajêng, kapalanipun kalampahakên, angèmpêr-èmpêr lampahing kapal. Punika tiyang punapa, saudara.

Kawiradya: Punika tiyang ambêbarang reyog, ingkang kadamêl kapalan kepang.

Tuwan Anu: Kala kula wontên ing Têgal aningali têlèdhèk, gamêlanipun bumbung, kajèjèr kados wilahing gambang, tiyang ingkang dèrèng sumêrêp, mirêng swaranipun amêsthi mêstani gamêlan sayêktos.

Kawiradya: Ing ngriki inggih sampun wontên têlèdhèk kados ingkang sampeyan <307> pêngandikakakên punika. Kala tindakipun Bêndara Pangeran Anu dhatêng Bagêlèn, kula kakêrsakakên êndhèrèk. Wontên ing ngriku kula aningali têlèdhèk, gamêlanipun kajêng, kawêstanan kêmplong.

Tuwan Anu: Ing nêgari Surakêrta ngriki punapa wontên tiyang ambêbarang topèng.

Kawiradya: Wontên. Punika saminipun akalihan ringgit Gêdhog. Ingkang kadamêl lampahan inggih Panji, ananging gangsanipun sêlendro, sêrta pênanggapipun namung siyang kemawon. Mênawi dede topèng barangan, pênanggapipun sadintên muput.

--- 161 ---

Tuwan Anu: Punapa yêktos saudara, têlèdhèk punika madati sêdaya.

Kawiradya: Sasumêrêp kula inggih mêkatên. Kula dèrèng manggih utawi mirêng têlèdhèk ingkang botên madati.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa.

Kawiradya: Sawêg wêrtosipun, apyun punika adamêl kuwat. Awit têlèdhèk mênawi ambêbarang ngantos sadintên muput, utawi mênawi dintên tayub ngantos sadalu, bilih botên nyêrèt, wêrtosipun botên kuwat anjogèd ngantos sadintên utawi sadalu.

Tuwan Anu: Tiyang nayub punapa mêsthi dalu kemawon. <308>

Kawiradya: Ingkang nayub siyang, inggih wontên.

Tuwan Anu: Kula sampun ningali têlèdhèk sêpisan wanci dalu, nanging wontên ing radinan. Têlèdhèkipun tingal kula kados wontên saking sêkawan, sêrta tiyang jalêr ingkang sami nonton gêntos-gêntos tumut anjogèd. Punika sintên ingkang nayub, dene wontên ing radinan.

Kawiradya: Punika dede tiyang nayub, saudara, têlèdhèk ambêbarang dalu, wêstanipun janggrung, panggenanipun ambêbarang wau nama janggrungan, wontên ingkang ngadêgakên. Tiyang jalêr ingkang sampeyan pêngandikakakên gêntos tumut anjogèd, punika ngibing, mawi nyukani yatra dhatêng têlèdhèkipun. Ing sapunika sampun dipun awisi ing pêrentah, botên kenging tiyang ngadêgakên janggrungan.

Tuwan Anu: Sabab dening punapa dipun awisi.

Kawiradya: Amêrgi kathah rêrêsah, bab tiyang kêrêngan utawi sudukan arêbatan têlèdhèk. Punapadene awit dening sêsatron. Mênawi sampun botên wontên pêndangu sampeyan malih, kula mugi kalilana mundur, awit sampun mangsanipun buka.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, mênggah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan, têksih kathah.

Kawiradya: Mênawi mêkatên, mangke bakda ngisa, akiripun jam wolu, kula wangsul. <309>

Tuwan Anu: Inggih, saudara, sakêlangkung suka bingah kula, sampeyan badhe wangsul.