Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 162-200)

Katalog:Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751
Sambung:
1.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 001-048). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #815.
2.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 049-099). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #816.
3.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 100-161). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #817.
4.Javaansche Zamenspraken, Winter Sr., 1882, #751 (Hlm. 162-200). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #818.

--- 162 ---

69. over het rijm in poëzie, en verklaring van een paar coupletten van de Bråtå-joedå-Kawi en van de Råmå-Kawi

Tuwan Anu: Sampun angsal pintên, saudara, anggèn sampeyan nêgêsi sêrat Bratayuda Kawi.

Radèn Ngabèi Kawirêja: Sawêg angsal kawan kaca, punika kula bêkta, sumôngga mugi kapêriksaa, punapa inggih mêkatên kêrsa sampeyan.

Tuwan Anu: Inggih, sampun kêlêrêsan. Ingkang nginggil punika jarwa manut saungêling Kawinipun, ingkang ngandhap punika kaurut sêrta jangkêpipun ing ungêl-ungêlan Jawi.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Kula pikantuk sêrat Bratayuda jarwa sêkar Agêng, punika punapa sami akalihan Kawinipun.

Kawirêja: Mênawi bêbalunganipun ing cêriyos, sami kemawon. Nanging ungêl- ungêlanipun gèsèh, kathah ingkang wêwah utawi suda, Bratayuda jarwa sêkar Macapat inggih mêkatên ugi, mênggah ing ungêl-ungêlan botên cocog akalihan ing jarwa sêkar Kawi, nanging cêriyosipun botên gèsèh, mêkatên ugi sêrat Rama Kawi, Wiwaha Kawi, Arjuna Sasrabau Kawi, Nitisastra Kawi, botên <310> cocog akalihan jarwanipun.

Tuwan Anu: Punika amêrgi saking punapa.

Kawirêja: Awit kirang wilêtipun mênawi anêdhak saungêling Kawi, dados mawi kawêwahan rênggan kathah.

Tuwan Anu: Sintên ingkang anjawèkakên sêrat Bratayuda Kawi.

Kawirêja: Mas Ngabèi Yasadipura ingkang kaping sêpisan.

Tuwan Anu: Punapa botên kenging kajawèkakên mawi sêkar Agêng utawi sêkar Macapat, ingkang tètès kalihan Kawinipun.

Kawirêja: Kenging, nanging kangelan sêrta kirang manisipun. Ingkang mêsthi mawi wêwah, mênawi katêdhak ing sêkar Macapat. Awit sêkar Macapat punika mawi guru wicalan sêrta guru lagu, mênawi sêkar Kawi namung guru wicalan kemawon, ing sadhawah-dhawahipun kenging, anggêr wicalanipun jangkêp.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun guru lagu.

Kawirêja: Ugêr lagu, dados botên kenging ing sadhawahipun kemawon. Kêdah angèn swara: a e i o u, kados ta sêkar Dhangdhanggêndhis, pada lingsanipun ing sêpada sêdasa, wiwitanipun dhawah wulon, kaping kalih lagnyana, kaping [ka...]

--- 163 ---

[...ping] tiga talingan, kaping sêkawan sukon, kaping gangsal wulon, kaping nêm lagnyana, <311> kaping pitu sukon, kaping wolu lagnyana, kaping sanga wulon, kaping sêdasa lagnyana, mênawi ngangkat malih, inggih kêdah mêkatên.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun lagnyana.

Kawirêja: Têgêsipun wuda kêlanturing basa kawêstanan lêgêna. Wondening ingkang kawêstanan aksara lagnyana, ingkang tanpa sandhangan. Ananging cêcak, layar, sagnyan utawi wignyan, cakra, pengkal, kaewokakên dhatêng lagnyana, kados ta gagang, bubar, sagah, abra, salya, punika kagolongakên dhatêng lagnyana.

Tuwan Anu: Bratayuda kula jarwa punika badhe kula tandhing kalihan Kawinipun, ingkang wontên ing sampeyan. Kula badhe sumêrêp gèsèhipun. Mênawi parêng, mugi sampeyan utusan mêndhêt.

Kawirêja: Inggih. Jadôngsa, muliha sêdhela, jupukên layang Bratayuda kagungane tuwan kang ana ing gandhok wetan.

Jadôngsa: Inggih.

Tuwan Anu: Kula ing sapunika badhe nglêmpakakên sêrat Kawi, ingkang kula têdhani pitulung ngupadosakên, Radèn Ngabèi Kawiswara kalih Radèn Ngabèi Kawindra.

Kawirêja: Punika priyogi sangêt.

Jadôngsa: Punika sêrat ingkang sampeyan pundhut.

Kawirêja: Prènèkna. Sumôngga, saudara. <312>

Tuwan Anu: Suwawi, saudara, sêpada punika sami katandhing, wiwit saking tandya trus dhadha sang dumuginipun sêpada agêng.

Kawirêja: Inggih. Punika kala Gathotkaca dipun lêpasi konta dhatêng Kêrna, sêkaripun Sêrdula Wikridita, ungêlipun mêkatên, tandya trus dhadha sang, Gathotkaca wangwang, murca mangêsaksana / dan tan jrih mabangun, mawega tumêdhun, mungup pirsa ngwônggadipa / singgih Bimasuta, nggakarama arêp, matya mangungupir kiwul /, kan lumpat rawisu, talês curi ngrana, bonglot matinggal rata. / Suwawi sampeyan ungêlakên jarwanipun.

Tuwan Anu: Trus jaja sang Gathutkaca kagyat sira, tan ajrih pêjah, matia abela, nêdya campuh anjog Karna prayitna, malumpat saksana, atinggal rata. Jarwanipun têka cêndhak.

Kawirêja: Cêndhak sêrta gèsèh kalih Kawinipun.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan têgêsi Kawinipun, supados kula sumêrêpa gèsèh utawi kirangipun.

--- 164 ---

Kawirêja: Inggih. Tandya trus dhadha Sang Gathotkaca, têgêsipun: anuntên têrus dhadhanipun Sang Gathotkaca. Wangwang murca mangê, têgêsipun: lajêng sangêt kanggêk. Saksana dan dèn. tan jrih, têgêsipun: anuntên botên ajrih, mabangun mawega tumêdhun. Têgêsipun: tangi mirantos mêdhun. Mungup pirsa Ngwanggadipa, têgêsipun: ngêlud Sang Kêrna. Singgih Bimasu tanggakara, têgêsipun: saèstu Sang Bimaputra prajurit kuwasa. Maharêp matya <313> mangungupir kiwul. Têgêsipun: badhe pêjah angêlud malês. Kan lumpat rawisuta, têgêsipun: anuntên lumumpat Suryaputra. Lês curingrana, têgêsipun: oncat cidra ing pêprangan. Bonglot matinggal rata, têgêsipun lumajêng atilar rata.

Tuwan Anu: Gèsèh sangêt saudara, sêrta kathah ingkang kabucal ungêl-ungêlanipun ing Kawi.

Kawirêja: Inggih, wau mila kula sampun matur ing sampeyan, namung bêbalunganipun kemawon ingkang sami.

Tuwan Anu: Mênggaha sampeyan, kadospundi anggèn sampeyan anjawèkakên mawi sêkar Agêng, ingkang tètès kalihan Kawinipun.

Kawirêja: Mênawi kulaa ingkang damêl, mêkatên, dyan trus jajanira, Gathotkaca nulya, tiba kanggêk saksana / datan ajrih tangi, rumanti tumurun, ngungsir Sang Suryaputra / tuhu Bimasuta, prajurit kawasa, yun pêjah nglud pêpulih / Dyan Sang Rawisuta, oncat cidrèng rana, lumayu tinggal rata /.

Tuwan Anu: Dene punika têka gampil kemawon saudara, pêngraos kula botên wêwah saking Kawinipun.

Kawirêja: Tiyang pênuju kêtanggor ingkang gampil. Mênawi ingkang angel, inggih mawi ngèngêt-èngêt dangu.

Tuwan Anu: Suwawi sêpada punika katandhing malih, wiwit saking tatkala narpa dumuginipun sêpada agêng.

Kawirêja: Inggih, punika kala mangsahipun ratu ing Wiratha badhe mêthukakên <314> Druna, sêkaripun ingggih Sêrdula Wikridita, ungêlipun mêkatên: tatkala narpa ce, damati nguniwèh, Sang Satra Dharma parêng / kantèki rahina, wasa ngupaya mawas, hyang surya lumrèng rana / yekansêh nirasa, Wiratha narpa lèn Pôncawala adulur / Nirbita mangkapa, ngruhun putunira wiratriya nindita / suwawi sampeyan ungêlakên jarwanipun.

Tuwan Anu: Sêtradarma palastra, lan Prabu Cedaka, mati Sang Sêtyaki, ya ta kang surya minggah, sangsaya mapadhang, suka kang ayuda, Sang Aprabu Wiratha, mangsah sawadyanya, lawan Pôncawala, nguculkên sanjatanya.

--- 165 ---

Kawirêja: Sampun, saudara, kandhêg sêmantên kemawon. Lajêngipun kados sanès sêdaya, sêmantên kemawon sampun gèsèh sangêt.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan têgêsi Kawinipun.

Kawirêja: Inggih. Tatkala Sang Narpa Ceda mati nguni wèh Sang Satra Dharma parêng, têgêsipun: kalanipun Prabu Ceda pêjah, sarêng akalihan Satra Darma. Kantèki rahina, têgêsipun: anuntên dumugi rintên. Wasa ngupaya mawas Hyang Surya lumrèng rana, têgêsipun: sangsaya padhang srêngenge mradini ing pêprangan. Yekan sêh nira Sang Wiratha Narpa, têgêsipun: punika mangsahipun <315> ratu ing Wiratha. Lèn Pôncawala adulur, têgêsipun: sêrta Pôncawala andhèrèk. nirbita, têgêsipun: sirna kang ajrih, môngka pangruhun putunira wiratriya nindita, têgêsipun: ingkang minôngka pêngajêng wayahipun tiga prajurit linangkung.

Tuwan Anu: Tingal kula ingkang lumampah mêngalèr punika Radèn Ngabèi Kawiswara.

Kawirêja: Inggih, rencangipun sêtunggil tingal kula ambêkta sêrat. Kados badhe mriki.

Tuwan Anu: Èmpêripun inggih mêkatên. Bokmênawi ambêkta sêrat Kawi ingkang dados wêwêling kula.

Kawirêja: Kados.

Tuwan Anu: Sampun lami kula botên kêpanggih kalih sampeyan. Sampeyan punapa têksih wilujêng, saudara.

Kawiswara: Inggih wilujêng, mila kula lami botên sowan ing sampeyan, awit mrêlokakên pêmundhut sampeyan sêrat Kawi, sawêg angsal sêtunggil sêrat Rama, punika kula bêkta, samakipun ragi risak, nanging sêratanipun taksih sae.

Tuwan Anu: Sakêlangkung bingah kula, dene sampeyan amrêlokakên ingkang dados panêdha kula, kula badhe sumêrêp wêrninipun.

Kawiswara: Inggih, Jadrana, prènèkna layange.

Jadrana: Inggih. <316>

Kawiswara: Sumôngga, saudara.

Tuwan Anu: Risaking samak botên dados punapa, ingkang prêlu sêratanipun.

Kawiswara: Mênggah sêratanipun sampun kula pêriksa, têksih sae sêdaya, namung ngandhap akalihan nginggil sêkaca ingkang jawi ragi rêgêd, nanging sêratanipun têksih têtela, aliya saking punika sae sêdaya.

--- 166 ---

Tuwan Anu: Punika pikantuk sampeyan saking pundi, sêrta anggèn sampeyan nyambut punapa tumbas.

Kawiswara: Ingkang gadhah pêngindhung ing Suradilagan. Kula tumbas suka, nanging botên ajêng yatra, namung nêdha lintu kêrtas Wêlandi ingkang sae kemawon sêkêndhang.

Tuwan Anu: Inggih kula ajêng nglintoni kêrtas Wêlandi sêkêndhang, benjing-enjing kemawon kula kintunakên dhatêng dalêm sampeyan. Awit ing griya botên wontên ngantos sêmantên kathahipun.

Kawiswara: Inggih sumôngga kemawon.

Kawirêja: Pun anak têka bêgja, dipundhuti pitulung dhatêng tuwan enggal sagêd ngangsalake. Sintên namane pêngindhung kang gadhah.

Kawiswara: Wêstanipun ingkang gadhah pun Dipamênggala.

Kawirêja: Tiyang ngindhung têka gadhah sêrat Kawi, dugi kula botên nate diwaos tuwin disambut-sambutake, milane têksih sae.

Kawiswara: Wêtawis kula inggih mêkatên. <317>

Kawirêja: Milane botên diwaos sêrta tôngga-tanggane botên wontên kang nyambut, awit kang gadhah kalih tôngga-tanggane sami botên sumêrêp têmbunge, adat sêrat Jawi, kang asring kangge sêrta asring disambut-sambutake, botên rêsik mêkatên. Lêpate kêwutahan lisah, inggih pating dalêmok dening gêdubang utawi rêrêgêd sanèse, kang didamêl êlêt-êlêt adate têgêsan. Yèn kang maos sampun ngantuk, sêrate didamêl bantal.

Kawiswara: Inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Punapa yêktos mêkatên, saudara.

Kawirêja: Inggih, mila sêrat Jawi, aliya saking kagunganipun para priyantun agêng, wêrninipun kêluwus-kêluwus kados sêrat dipun tarang utawi kasimpênan wontên ing tolok, punapa dening lisah, awit yèn sampun kawaos, kêrêp dados sêsulihing bantal.

Tuwan Anu: Sêpada wiwitan punika sêkêdhik-sêkêdhik kula sumêrêp, nanging botên têrang, suwawi sampeyan têgêsi, saudara.

Kawirêja: Inggih. Punika sêkaripun Bramara Wilasita, ungêlipun mêkatên: ana ta si, ra ratu dibya rêngêng / prasastra ring, mungsuhira pranata / jaya apa, ndhita ring ngaji kabèh / Sang Dhasara, ta namanya tamolih / têgêsipun: wontên ratu linangkung misuwur, kèringan dhatêng mêngsahipun nyêmbah, unggul putus dhatêng sakathahing <318> puja, Sang Dhasarata wêstanipun pantês. Jangkêpipun ing têmbung Jawi mêkatên: wontên ratu pinunjul sêrta kocap, kèringan dhatêng mêngsahipun. Mêngsah [Mêng...]

--- 167 ---

[...sah] wau sami suyud sêdaya, sang prabu unggul ing pêprangan, sêrta putus dhatêng sakathahing puja, pantês anama Dhasarata.

Tuwan Anu: Kula kêpingin sangêt sagêd Kawi kados sampeyan mêkatên.

Kawirêja: Mênawi katêlatosan anggèn sampeyan sinau, punapaa botên sagêd.

Tuwan Anu: Sêpada punika kula botên sumêrêp pisan-pisan, saudara, ingkang kula sumêrêpi namung têmbung: wolu, tatkala, kabèh, lawan, saha, sêsêk, wêsi, timah, sêmantên punika, mênawi ing ngriku botên anggadhahi murad sanès.

Kawirêja: Ingkang pundi, saudara.

Tuwan Anu: Punika.

Kawirêja: Punika kalanipun Anoman kacêpêng wontên ing Ngalêngka, sêkaripun Swandana, ungêlipun mêkatên: tatkala kapusan sang, pawana suta humung, tang raksasa kabèh / lawan sang Meganônda, ngamah-amah humangsêh, mayyang saha bala / kapwa mangsêh sêsêksê, ksaha mangangsêh-angsêh, mamrêpya mamalu / tar payah Sang Anoman, kadi wêsi pinupuh, ring mugara timah / têgêsipun: kalanipun kabêsta Sang Anoman, sêru kang dênawa sêdaya akalihan Meganônda ngujar-ujari majêng <319> surak, sabalanipun sami ngangsêg, kêbak ajêjêl, majêng-majêng anuju anggitik, botên kêraos sakit Sang Anoman, kados wêsi dipun gitik ing gêgitik timah. Urut sêrta jangkêpipun ing têmbung Jawi mêkatên: kalanipun Anoman kabêsta, dênawa sêdaya akalihan Meganônda sêru sami ngujar-ujari dhatêng Anoman, majêng sêrta surak. Sabalanipun sami ngangsêg. Kêbak sêrta jêjêl ing panggenan. Sami majêng anuju ing dêdamêl sêrta anggitik. Anoman botên kêraos sakit, upaminipun wêsi dipun gitik ing gêgitik timah.

Tuwan Anu: Sêpada êngkas punika sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Punika kalanipun Wibisana sowan dhatêng Dasamuka, sêkaripun Kusumawicitra, ungêlipun mêkatên: uwus malungguh pwa, sirang Wibisana / ring kang saba saba, nayojwala katon, saharsa umojar, sirang Dasanana, ring Sang Patih kapwa, patih ujarnira, têgêsipun: sampun lênggah punika Sang Wibisana, wontên ing pêsamuhan, cahyaning ulat kêtingal, bingah wicantên Sang Dasamuka dhatêng para punggawa, sêru wicantênira, urut sêrta jangkêpipun ing têmbung Jawi mêkatên: Sang Wibisana sampun lênggah wontên ing pêsamuhan. Cahyaning ulatipun kêtingal, Dasamuka bingah, awicantên sêru dhatêng para punggawa. <320>

Tuwan Anu: Sêrat Rama punika ing benjing inggih kula aturi anjawèkakên [anjawè...]

--- 168 ---

[...kakên] dhatêng sampeyan, mênawi Bratayudanipun sampun rampung, sêrta andadospakênandadosakên. parênging galih sampeyan.

Kawirêja: Inggih, saudara, kula dhangan kemawon. Anggêr kenging sasêlot-sêlotipun.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, kula sampun pitajêng ing pitulung sampeyan.

Kawirêja: Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula mugi kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, mênawi sampeyan parêng, benjing-enjing sontên kula aturi pinarak mriki malih, kula badhe sumêrêp lampahipun ing sêkar Kawi.

Kawirêja: Inggih, pun anak kantun punapa mundur.

Kawiswara: Kula inggih badhe mundur. Sampeyan lilani, saudara.

Tuwan Anu: Inggih, benjing-enjing jam wolu akiripun sêtêngah sanga, kula angintuni kêrtas Wêlandi sêkêndhang, sumêrêp lintunipun sêrat Rama punika.

Kawiswara: Inggih.

70. over verschillende dichtmaten en zangwijzen

Tuwan Anu: Saudara, kula andumugèkakên panêdha kula wingi, badhe <321> sumêrêp nama sêrta lampahing sêkar Kawi, tuwin wicalan sêrta lagunipun sêkar Macapat.

Radèn Ngabèi Kawirêja: Inggih, mênggah sêkar punika kadamêl tigang pangkat, 1. sêkar Kawi utawi sêkar Agêng, 2. sêkar Têngahan utawi Dhagêlan, 3. sêkar Macapat utawi sêkar Alit. Ingkang sampeyan kêrsakakên punika namung sêkar Kawi akalihan sêkar Macapat.

Tuwan Anu: Sêkar Têngahan kula inggih badhe sumêrêp, mugi sampeyan wiwiti saking sêkar Kawi, badhe lajêng kula sêrati.

Kawirêja: Inggih, wêstanipun sêkar Kawi, 1. Lêbdajiwa, 2. Bramara Wilasita, 3. Côndrawilasita, 4. Madurêtna, 5. Wisatikandhêh, 6. Kusumawicitra, 7. Sudiradraka, 8. Dhadhap Mêntêb, 9. Basônta, 10. Manggalagita, 11. Prawiralalita, 12. Girisa, 13. Sikarini, 14. Sapratitala, 15. Kawitana, 16. Bôngsapatra, 17. Maesabayangan, 18. Nagabônda, 19. Nagakusuma, 20. Sardula Wikridita, 21.

--- 169 ---

<322> Swandana, 22. Sasadara Kawêkas, 23. Sulanjari, 24. Wisalya Arini, 25. Swaladara, 26. Kilayunêdhêng, 27. Wêgangsulanjani, 28. Kuswalalita, 29. Astakuswala, utawi Astakosala tuwin Astakusala, 30. Gôndakusuma, 31. Wohingrat, 32. Salisir Liwung, 33. Salisir, 34. Salisir Patramanggala, 35. Salisir Patralalita, 36. Salisir Têbukasol, 37. Salisir Têbusauyun.

Tuwan Anu: Kathah sangêt, gunggungipun tigang dasa pitu.

Kawirêja: Aliya saking punika têksih wontên malih, ananging sasumêrêp kula namung ing sêrat Rama Kawi ingkang wontên.

Tuwan Anu: Punika kula inggih badhe sumêrêp, mugi sampeyan prêtelakakên.

Kawirêja: Inggih, 1. Rêtnajiwa, 2. Surajiwandana, 3. Surarêtna, 4. Sudirawicitra, 5. Citramêngêng, 6. Jiwarêtna, 7. Côndramêngêng, 8. Sastramênggala, 9. Langênjiwa.

Tuwan Anu: Kalih ingkang sampun kula sêrati wau dados gunggung kawan dasa nênêm. Sapunika wicalanipun mugi sampeyan prêtelakakên.

Kawirêja: Inggih, sêkar Lêbdajiwa, Bramara Wilasita, wicalan ing sadirganipun nyuwêlas. Cendrawilasita,Côndrawilasita,. Madurêtna, Wisatikandhêh, Kusumawicitra, sami ngalih wêlas. Sudiradraka, Dhadhap Mantêb, sami niga wêlas. <323> Basônta 14, Manggalagita 15, Prawiralalita, Girisa, sami ngênêm bêlas. Sikarini, Sapratitala, Kawitana, Bôngsapatra, Maesabayangan, sami mitulas. Nagabônda, Naga Kusuma, sami molulas. Sardula Wikridita 19, Swandana, Sasadara Kawêkas, Sulanjari, sami ngalih dasa. Wisalya Arini, Swaladara, sami nyêlikur. Kilayunêdhêng 22, Wêgang Sulanjani, Kuswalalita, Astakuswala utawi Astakosala, sami niga likur. Gôndakusuma, Wohingrat, sami ngawan likur. Salisir Liwung 6, Salisir 8, Salisir Pratalalita, Salisir Patramanggala, sami molu. Salisir Têbukasol 9, Salisir Têbusauyun 10. Ing dalêm satunggil-tunggiling sêkar dirganipun sêkawan.

Tuwan Anu: Ingkang sampeyan wêstani dirga punika punapa.

Kawirêja: Têgêsipun dirga panjang, wondening ing sêkar Kawi ingkang kawêstanan dirga punika pada lingsa sèlèhing sêkar, dados ing sêpada agêng dirganipun sêkawan. kados ta sêkar Lêbdajiwa, wicalanipun suwêlas. Suwêlas punika wangsul utawi rambah kaping sêkawan, ing sêpada agêng dados 44 kêcap.

Tuwan Anu: Sêkar ingkang awis kêsrambah wau kula badhe sumêrêp lampahipun [lampahipu...]

--- 170 ---

[...n]

Kawirêja: Inggih. Rêtnajiwa, Surajiwandana, wicalanipun ing sadirganipun <324> sami nyuwêlas. Côndramêngêng, Surarêtna, Sudirawicitra, Citramêngêng, Jiwarêtna, sami ngalih wêlas. Sastramanggala 15, Langênjiwa 27.

Tuwan Anu: Sampun kula sêrati, saudara, ing sapunika sêkar Têngahan mugi sampeyan prêtelakakên.

Kawirêja: Ingkang nama sêkar Têngahan, 1. Jurudêmung, 2. Kuswawirangrong, 3. Kulanthe, 4. Lonthang, 5. Sumêkar, 6. Kuswaraga, 7. Kuswarini, 8. Kênya Kadhiri, 9. Maesalangit, 10. Pamiwaltung, 11. Palugon, 12. Palugôngsa, 13. Rangsang, 14. Rangsang Tuban, 15. Lindi, 16. Gambuh, 17. Dudukwuluh, 18. Balabak.

Tuwan Anu: Mênggah sêkar Têngahan punika, ing dalêm sêpada agêng dirganipun punapa inggih sêkawan.

Kawirêja: Mênawi sêkar Têngahan akalihan sêkar Macapat, botên mawi dirga kados sêkar Kawi, namung ugêr wicalan sêrta ugêr lagu, punapadene ngetang pada lingsa.

Tuwan Anu: Mugi sampeyan prêtelakakên, saudara.

Kawirêja: Mênggah sêkar Têngahan, ingkang kula sumêrêpi wicalan sêrta lagunipun, namung Jurudêmung, Kuswawirangrong, Lonthang, Gambuh, Dudukwuluh, Balabak, Palugon, Palugôngsa, Kuswarini, Maesalangit, Kênya Kadhiri, aliya saking <325> punika kula botên sumêrêp. Mugi sampeyan kêrsaa andangu dhatêng sanèsipun. Ananging kauningana, kula piyambak sampun nate takèn-takèn, botên wontên ingkang sumêrêp, amêrgi prêsasat sampun botên kangge, wondening ingkang têrkadhang têksih kangge namung Jurudêmung, Kuswawirangrong, Lonthang, Balabak. Ingkang têksih kathah kangge, mèh anggêr sêrat wontên, Gambuh akalihan Dudukwuluh.

Tuwan Anu: Inggih, ing sasumêrêp sampeyan kemawon.

Kawirêja: Sêkar Jurudêmung pada lingsanipun ing sapada agêng pitu, sêpada lingsa wicalanipun molu, wiwitan dhawah lagnyana, kaping kalih sêrta kaping tiga dhawah sukon, kaping sêkawan dhawah lagnyana, kaping gangsal dhawah sukon, kaping nêm dhawah lagnyana, kaping pitu dhawah sukon. Sumêkar pada lingsanipun gangsal, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah wulon, kaping kalih 11 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 8 dhawah wulon, kaping gangsal 10, dhawah wulon. Palugon pada lingsanipun wolu, sêpada lingsa wicalanipun molu, wiwitan dhawah lagnyana, kaping kalih dhawah sukon, kaping [ka...]

--- 171 ---

[...ping] tiga dhawah taling tarung, kaping sêkawan dhawah sukon, kaping gangsal dhawah taling tarung, kaping nêm dhawah lagnyana, kaping pitu dhawah sukon, kaping wolu dhawah taling tarung. <326>

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang rumiyin, saudara, mangke kadumugèkakên.

Kawirêja: Inggih. Palugôngsa, pada lingsanipun nênêm, wicalanipun ingkang wiwitan 7 dhawah lagnyana, kaping kalih 11 dhawah talingan. Kaping tiga 12 dhawah talingan. Kaping sêkawan 9 dhawah lagnyana, kaping gangsal 8 dhawah lagnyana, kaping nêm 8 dhawah wulon. Kuswarini pada lingsanipun pitu, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah sukon. Kaping kalih 6 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah sukon. Kaping sêkawan 8 dhawah lagnyana, kaping gangsal 8 dhawah wulon. Kaping nêm 8 dhawah lagnyana, kaping pitu 8 dhawah wulon. Maesalangit pada lingsanipun gangsal, wicalanipun ingkang wiwitan 9 dhawah talingan. Kaping kalih 7 dhawah sukon. Kaping tiga 8 dhawah wulon. Kaping sêkawan 8 dhawah sukon. Kaping gangsal 8 dhawah taling tarung.

Tuwan Anu: Sampun kula sêrati, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Kawirêja: Inggih, sêkar Kênya Kadhiri pada lingsanipun sanga, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah sukon. Kaping kalih 8 dhawah wulon. Kaping tiga kaping sêkawan, kaping gangsal angalih wêlas, sami dhawah sukon. Kaping <327> nêm 8 dhawah lagnyana, kaping pitu 8 dhawah wulon, kaping wolu 6 dhawah sukon. Kaping sanga 8 dhawah wulon. Kuswawirangron pada lingsanipun nênêm, wicalanipun ingkang wiwitan 8 dhawah wulon. Kaping kalih 8 dhawah taling tarung, kaping tiga 10 dhawah sukon. Kaping sêkawan 6 dhawah wulon. Kaping gangsal 7 dhawah lagnyana, kaping nêm 8 dhawah lagnyana. Balabak pada lingsanipun nênêm, wicalanipun ingkang wiwitan 12 dhawah lagnyana, kaping kalih 3 dhawah talingan. Kaping tiga 12 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 3 dhawah talingan. Kaping gangsal 12 dhawah lagnyana, kaping nêm 3 dhawah talingan. Ananging kathah- kathahipun ingkang sêpada lingsa wiwitan, ingkang kaping tiga sêrta ingkang kaping gangsal, asring ing sadhawah-dhawahipun kemawon, botên mawi guru lagu.

Tuwan Anu: Kèndêl sêkêdhap, saudara, tangan kula kêju namung kantun sêkar tiga, Gambuh, Dudukwuluh, Lonthang, mangke kadumugèkakên.

Kawirêja: Inggih sumôngga, kalih kula inggih badhe nginang. Gombak, prènèkna lopak-lopake.

Gombak: Inggih.

--- 172 ---

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Kawirêja: Inggih, sêkar Lonthang pada lingsanipun ing sêpada agêng tiga, wicalanipun ngalih wêlas, sami dhawah lagnyana. Gambuh pada lingsanipun gangsal. Ingkang wiwitan wicalanipun 7 dhawah sukon. Kaping kalih 10 dhawah sukon. <328> Kaping tiga 12 dhawah wulon. Kaping sêkawan 8 dhawah sukon. Kaping gangsal 8 dhawah taling tarung. Dudukwuluh pada lingsanipun gangsal. Ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah sukon. Kaping kalih 8 dhawah wulon. Kaping tiga 8 dhawah sukon, kaping sêkawan 8 dhawah wulon. Kaping gangsal 8 dhawah taling tarung.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun sêkar Macapat ingkang dèrèng.

Kawirêja: Inggih, wêstanipun ing sêkar Macapat, 1. Dhangdhanggêndhis, 2. Sinom, 3. Asmarandana, 4. Kinanthi, 5. Pangkur, 6. Durma, 7. Mijil, 8. Maskumambang, 9. Pucung.

Tuwan Anu: Kadospundi wicalan sêrta guru lagunipun.

Kawirêja: Mêkatên, Dhangdhanggêndhis pada lingsanipun ing sêpada agêng 10, wicalanipun ingkang wiwitan 10 dhawah wulon. Kaping kalih 10 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah talingan. Kaping sêkawan 7 dhawah sukon. Kaping gangsal 9 dhawah wulon. Kaping nêm 7 dhawah lagnyana, kaping pitu 6 dhawah sukon. Kaping wolu 8 dhawah lagnyana, kaping sanga 12 dhawah wulon. Kaping sêdasa 7 dhawah lagnyana. Sinom pada <329> lingsanipun sanga, wicalanipun ingkang wiwitan 8 dhawah lagnyana, kaping kalih 8 dhawah wulon. Kaping tiga 8 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 8 dhawah wulon. Kaping gangsal 7 dhawah wulon. Kaping nêm 8 dhawah sukon. Kaping pitu 7 dhawah lagnyana, kaping wolu 8 dhawah wulon. Kaping sanga 12 dhawah lagnyana. Asmarandana pada lingsanipun pitu, ingkang wiwitan wicalanipun 8 dhawah wulon, kaping kalih 8 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah talingan utawi taling tarung, kaping sêkawan 8 dhawah lagnyana, kaping gangsal 7 dhawah lagnyana, kaping nêm 8 dhawah sukon, kaping pitu 8 dhawah lagnyana.

Tuwan Anu: Kèndêla sakêdhap, saudara, kêrtasipun têlas. Kula badhe mêndhêt malih.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Kawirêja: Inggih, Kinanthi pada lingsanipun ing sêpada agêng 6, wicalanipun molu, ingkang wiwitan dhawah sukon, kaping kalih wulon, kaping tiga lagnyana, [lagnya...]

--- 173 ---

[...na,] kaping sêkawan wulon, kaping gangsal lagnyana, kaping nêm wulon. Pangkur pada lingsanipun 7, ingkang wiwitan wicalanipun 8 dhawah lagnyana, kaping kalih 11 dhawah wulon. Kaping tiga 8 dhawah sukon. Kaping sêkawan <330> 7 dhawah lagnyana, kaping gangsal 12 dhawah sukon. Kaping nêm 8 dhawah lagnyana, kaping pitu 8 dhawah wulon. Durma pada lingsanipun pitu, ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah lagnyana, kaping kalih 7 dhawah wulon. Kaping tiga 6 dhawah lagnyana, kaping sêkawan 7 dhawah lagnyana, kaping gangsal 8 dhawah wulon. Kaping nêm 5 dhawah lagnyana, kaping pitu 7 dhawah wulon.

Tuwan Anu: Kula badhe ngewahi kalam rumiyin, awit sampun sangêt pêpêripun.

Kawirêja: Inggih, sadangunipun nyêrat, sasumêrêp kula anggèn sampeyan ngewahi sawêg sêpisan punika.

Tuwan Anu: Inggih, mênawi kêrtasipun alus, botên kêrêp angewahi kalam. Sampun, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Kawirêja: Inggih, sêkar Mijil pada lingsanipun nênêm. Ingkang wiwitan wicalanipun 10 dhawah wulon. Kaping kalih 6 dhawah taling tarung, kaping tiga 10 dhawah talingan. Kaping sêkawan 10 dhawah wulon. Kaping gangsal 6 dhawah wulon. Kaping nêm 6 dhawah sukon. Maskumambang pada lingsanipun 4, ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah wulon. Kaping kalih 6 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah wulon. Kaping sêkawan <331> 8 dhawah lagnyana. Pucung pada lingsanipun sêkawan. Ingkang wiwitan wicalanipun 12 dhawah sukon. Kaping kalih 6 dhawah lagnyana, kaping tiga 8 dhawah wulon utawi taling tarung, punapadene talingan. Kaping sêkawan 12 dhawah lagnyana.

Tuwan Anu: Mênggah sêkar tigang pangkat wau, kanggenipun punapa wontên ing sadhengah sêrat kemawon.

Kawirêja: Mênawi sêkar Agêng kanggenipun namung wontên ing sêrat Kawi, sêkar Têngahan akalihan sêkar Macapat wontên ing sêrat jarwa, sêkar Agêng namung sêtunggil Girisa, ingkang asring katunggilakên kalihan sêkar Macapat, wondening Girisa wau bilih kaangge wontên ing sêrat jarwa, mawi guru lagu, dhawah lagnyana sêdaya.

Tuwan Anu: Mênggah lampahipun sêkar Kawi tuwin wicalan punapadene lagunipun sêkar Têngahan akalihan sêkar Macapat ing Nyayogya utawi ing sanèsipun nêgari, punapa sami kemawon.

Kawirêja: Mênawi wicalanipun sêrta ugêring lagu, sasumêrêp kula sami kemawon. [kema...]

--- 174 ---

[...won.] Namung cengkokipun sanès-sanès. Sampun ingkang liya nêgari, ing salêbêtipun nêgari Surakêrta ngriki kemawon sanès-sanès. Kados ta cengkok ing kêraton, cengkok ing Mangkunêgaran, cengkok ing Natakusuman, punika sami sanès-sanès.

Tuwan Anu: Namanipun sêkar punika sêdaya punapa wontên têgêsipun. <332>

Kawirêja: Wontên. Ananging têgêsipun wontên ingkang botên kenging sampeyan ugêmi sêtunggil kemawon, amêrgi têmbungipun Kawi wontên ingkang anggadhahi murad kalih utawi tiga, têpangipun ing têmbung ngajêng utawi ing wingking asring ngêmu raos kalih, manawi kula sampeyan kêrsakakên nêgêsi, sumêlang kula, bokmênawi botên condhong akalihan pêmanggihipun tiyang sanès.

Tuwan Anu: Punika botên dados punapa, sampeyan têgêsi ing sapêmanggih sampeyan piyambak.

Kawirêja: Inggih sumôngga, mênawi sampeyan mriyogèkakên, ingkang badhe kula têgêsi rumiyin, wêstanipun sêkar Kawi, ingkang muradipun sampun gumathok utawi botên ngêmu raos kalih.

Tuwan Anu: Kula andhèrèk ing sakêrsa sampeyan.

Kawirêja: 1. Lêbdajiwa, têgêsipun angsal gêsang, 2. Sudiradraka, têgêsipun kêndêl botên sêrônta, 3. Girisa, têgêsipun kêkês, giris, 4. Nagabônda, têgêsipun sawêr agêng, 5. Nagakusuma, têgêsipun nagasari, 6. Sardula Wikridita, têgêsipun sima galak kêlangkung, 7. Sulanjari, têgêsipun lantip ing wêwulang, 8. Swandana, têgêsipun kêreta, titihan, 9. Basônta, têgêsipun rêmbulan, 10. Gô <333> ndakusuma, têgêsipun ambêting sêkar, 11. Kilayunêdhêng, têgêsipun kilayu sumêdhêng, utawi nyêdhêng, 12. Astakuswala utawi Wihastakosala tuwin Astakusala, têgêsipun tangan molah, 13. Sasadara Kawêkas, têgêsipun rêmbulan karintênan, 14. Bramara Wilasita, têgêsipun kombang ngêlèng, 15. Wisalya Arini, têgêsipun paèsing èstri, 16. Dhadhap Mantêb, têgêsipun dhadhap sêmi, 17. Sikarini, têgêsipun irunging èstri.

Tuwan Anu: Punapa namung pitulas punika ingkang muradipun botên ngêmu raos kalih.

Kawirêja: Sasumêrêp kula inggih namung punika, wondening ingkang kula wêstani anggadhahi têgês langkung saking sêtunggil, kados ta Madurêtna, madu punika anggadhahi murad kalih, 1. mabên, 2. linangkung, têgêsipun rêtna: sêsotya, sarèhning sêsotya punika sela adi, asring kadamêl upami samukawis ingkang linangkung [linang...]

--- 175 ---

[...kung] saking bangsanipun. Kados ta putri kawastanan sêsotyaning pura, dados Madurêtna wau kenging dipun têgêsi mabên linangkung utawi sêsotya linangkung.

Tuwan Anu: Mênawi anggadhahi têgês sêsotya linangkung, punapa botên kuwangsul êtraping têmbung, mungêl Madurêtna, lêrêsipun napa botên Rêtnamadu. <334>

Kawirêja: Mênawi kadamêl baliswara, botên kuwangsul, sasaminipun kados ta Bratayuda, kenging mungêl yudabrata. Rajawiku kenging mungêl wikuraja. Baudirga kenging mungêl dirgabau. Giriwana kenging mungêl wanagiri, swaragora kenging mungêl goraswara. Kusumawicitra kenging dipun têgêsi kalih, 1. sêkar linangkung ing wêrni, 2. èstri linangkung ing wêrni. Prawiralalita, lalita punika anggadhahi têgês nênêm, bagus, bingah, mulêt, pêngalêm, wêrni, kumêlab. Dados Prawiralalita wau kenging dipun têgêsi prajurit bagus utawi prajurit bingah. Bôngsapatra têgêsipun panjang putra, kêkuluban. Sapratitala, tala punika anggadhahi têgês tiga, siti, dhêmpul, griya tawon, dados Sapratitala kenging dipun têgêsi kados siti, kados dhêmpul, kados griya tawon.

Tuwan Anu: Anggèn sampeyan nêgêsi punika kula sêrati sêdaya, ing benjing badhe kula pitakèkakên dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra.

Kawirêja: Priyogi mêkatên.

Tuwan Anu: Mugi sampeyan lajêngakên anggèn sampeyan nêgêsi.

Kawirêja: Inggih, sapunika Wêgang Sulanjani, wêgang anggadhahi têgês gangsal, uwang, siyung, tikus, cêlêngan, dêdamêlipun tiyang ambubut, saèmpêr kados tatah, <335> sulanjani anggadhahi têgês kêkalih, lutung utawi uwa-uwa, dados Wêgang Sulanjani kenging dipun têgêsi uwang lutung, siyung lutung, uwang uwa-uwa, siyung uwa- uwa, cêlêngan lutung, tikus uwa-uwa, cêlêngan uwa-uwa. Kuswalalita, kuswa punika anggadhahi têgês gangsal, ambung, ambêt, angge, mêngangge, sêrasah, mênggah têpanging basa, pikantuka têgêsan mêngangge sae utawi sêrasah sae, pamêndhêt kula saking balakuswa, têgêsipun bala mêngangge. Patralalita kenging katêgêsan godhong sae ing wêrni utawi godhong mulêt. Patramanggala, manggala punika anggadhahi têgês tiga, urang, pêngajêng, pêngagêng, mênggah têpanging basa, pikantuka têgêsan godhong agêng utawi godhong wiyar. Manggalagita, gita punika anggadhahi têgês kalih, rikat, têmbung, dados kenging dipun têgêsi pangagêng rikat utawi kurang rikat. Swaladara, swala punika anggadhahi têgês gangsal, gêndhing, swara, kidung, lêlungid, suling, dara anggadhahi têgês tiga, agêng, asor, pêksi dara, dados Swaladara wau kenging dipun têgêsi gêndhing [gê...]

--- 176 ---

[...ndhing] asor, gêndhing agêng, kidung asor, swara asor, swara agêng, suling agêng, suling asor, utawi sawangan ingkang wontên ing pêksi dara. Maesabayangan, bayangan anggadhahi têgês tiga, boyongan, jêmpalikan, kêndêl, dados kenging katêgêsan maesa boyongan, maesa jêmpalikan, maesa kêndêl.

Tuwan Anu: Sampeyan ngunjuk wedang malih, saudara. <336>

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Tiyang anggarap pêdamêlanipun piyambak, sêrta ingkang botên prêlu, priyogi ing sasêkecanipun.

Kawirêja: O inggih, witipun tiyang anêgêsi têmbung, ingkang sampun botên kangge kêdah tamban, mawi ngèngêt-èngêt mênawi têksih wontên têgêsipun ingkang kêslêmpit sêrta mawi nêpang-nêpangakên rujuking basa.

Tuwan Anu: Inggih, suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Kawirêja: Inggih, Wisatikandhêh anggadhahi têgês kêkalih, 1. Wisa linangkung kasêsêr, inggih punika wisa mandos kêlangkung, ical kêmandosanipun. Awit têmbung ti utawi wiati têgêsipun langkung, linangkung. Kandhêh, kandhih utawi kêndhih, têgêsipun kasêsêr. 2. Awon utawi sêsukêring manah ical, awit wisa wau kadamêl ngibarat awon utawi sêsukêr. Ti punika têmbung wancah, wêtahipun ati, kramanipun manah.

Tuwan Anu: Têmbung ti akalihan kandhêh, punapa kêrêp kêsrambah wontên ing sêrat waosan.

Kawirêja: Inggih, kados ta arjanti, wijayanti, tiraya, tirabasa, tibisana. Kandhêh utawi kandhih tuwin kêndhih, punika sami kemawon. Kados ta kandhêh tekang wiyoga, kandhêh ning kalesa, têgêsipun ical ingkang <337> susah, icaling rêrêgêd.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun têmbung gangsal ingkang sampeyan pêngandikakakên rumiyin piyambak wau.

Kawirêja: Têgêsipun arjanti: langkung rêspati, wijayanti: langkung unggul, tiraya: langkung agêng, tirabasa: langkung risak, tibisana, langkung mandos, langkung ngajrihi, langkung agêng.

Tuwan Anu: Kula sêpisan maos sêrat amanggih têmbung tiramya, punapa punika têgêsipun langkung rame.

Kawirêja: Tiramya punika têgêsipun kalih, langkung rame utawi langkung asri.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên anggèn sampeyan nêgêsi.

--- 177 ---

Kawirêja: Inggih, têgêsipun Kawitana sawêg pamanggih kula binangsalan, kagriyanan, awit sumêrêp kula têgêsipun witana namung bangsal akalihan griya, têgêsipun wohingrat, wohing jagad. Punika namaning sêkar, ananging kula dèrèng sumêrêp wêrdinipun. Sampun dalu, saudara, benjing-enjing sontên kemawon kula wangsul mriki, ing sapunika kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, sakêlangkung suka bingah kula sampeyan badhe pinarak mriki malih. <338>

Kawirêja: Mênawi botên wontên pambênganipun ingkang prêlu, kenging sampeyan pêsthèkakên wangsul kula.

71. verlog van het voorgaande gesprek, en over fouten in de handschriften van Kawi- werken

Tuwan Anu: Sangêt anggèn kula ngajêng-ajêng ing sampeyan, kula wêstani botên èstu rawuh.

Kawirêja: Mila dhatêng kula ngantos lungse saking sumados, amêrgi kula kêtamuan sêdhèrèk ing dhusun. Kala wau kula sampun mangkat dumugi ing regol, anuntên sêdhèrèk kula wau dhatêng.

Tuwan Anu: Sampeyan pinarak, saudara.

Kawirêja: Inggih.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan ing sapunika dhangan, andumugèkakên anggèn sampeyan nêgêsi namaning sêkar Kawi akalihan sêkar Têngahan tuwin sêkar Macapat.

Kawirêja: Kula sumanggakakên kemawon. Etang kula sêkar Kawi namung kantun sanga ingkang dèrèng kula têgêsi.

Tuwan Anu: Etang kula têksih tiga wêlas ingkang dèrèng sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Punapa mêkatên. <339>

Tuwan Anu: Inggih, sêkar Salisir ingkang dèrèng sampeyan têgêsi sêkawan, Liwung, Salisir, Têbukasol, Têbusauyun. Wondening sêkar Kawi ingkang awis kêsrambah sanga.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan. Têgêsipun liwung, bingung, mêndêm. Têgêsipun Têbusauyun, têbu sadhapur. Têgêsipun Salisir, simpang. Têgêsipun Têbukasol, têbu dipun êsol.

--- 178 ---

Wondening naminipun sêkar Agêng sanga wau, ingkang kula sumêrêpi, 1. Citramêngêng, têgêsipun aksara mungêl. 2. Côndrawilasita, têgêsipun rêmbulan ngêlèng, dados rêmbulan sêrap. 3. Côndramêngêng, têgêsipun wêrni kombang.

Tuwan Anu: Kula nyêlani pitakèn, saudara, têmbung côndra ingkang rumiyin sampeyan têgêsi rêmbulan, ingkang kantun punika sampeyan têgêsi wêrni, mêkatên ugi têmbung mêngêng, ing ngajêng sampeyan têgêsi mungêl, ingkang kantun punika sampeyan têgêsi kombang, punapa botên kêlintu.

Kawirêja: Botên, saudara, têmbung côndra wau têgêsipun kêkalih, 1. rêmbulan, 2. wêrni utawi amêrni, inggih punika adamêl. Kados ta côndra basèngkaras, têgêsipun amêrni utawi angêtrap basa wontên ing papan. Wondening mêngêng têgêsipun ingkang lêrês ambrêngêngêng utawi kombang.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara. <340>

Kawirêja: Inggih, Sudirawicitra, têgêsipun langkung kêndêl linangkung ing wêrni, Surajiwandana, wêtahing têmbung sura anjiwandana, têgêsipun kêndêl anunggil tilêm. Sastramanggala, têgêsipun sastra aksara, jêmparing, têgêsipun manggala, pêngajêng, pêngagêng, urang. Mênggah têpanging basa, pinanggihing manah kula pikantuka têgêsan jêmparing pêngajêng, wondening Rêtnajiwa, Jiwarêtna, Langênjiwa, Surarêtna, sasumêrêp kula têgêsipun botên kenging katêpangakên ing ngajêng akalihan ing wingking.

Tuwan Anu: Sênajan mêkatêna, panêdha kula mugi têmbungipun kemawon sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Inggih, rêtna, têgêsipun sêsotya. Jiwa, têgêsipun nyawa, gêsang, langên têgêsipun asri, bingah, sura têgêsipun kuwasa, kêndêl, dewa, dênawa.

Tuwan Anu: Inggih, lêrês sampeyan, kula têpang -têpangakên botên têpang, sapunika nyandhak sêkar Têngahan ingkang badhe sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Inggih, mênggah têgêsipun namaning sêkar Têngahan, sampun gumathok sêdaya, kados ta Palugon, têgêsipun pêprangan. Kulanthe, têgêsipun kalar. Sumêkar, têgêsipun asêkar. Kênya Kadhiri, têgêsipun prawan Kêdhiri. Palugôngsa, têgêsipun tabuh <341> gamêlan, tabuh êgong, utawi gêgitik gong. Jurudêmung têgêsipun juru, lingir, tukang, pikantukipun katêgêsan juru gamêlan utawi tukang gamêlan utawi niyaga punapadene juru nabuh dêmung. Maesalangit punika sampun têmbung jarwa, Kuswawirangrong, têgêsipun pênganggèning kasusahan. Kuswaraga, [Ku...]

--- 179 ---

[...swaraga,] têgêsipun ambêting badan. Lonthang, têgêsipun nglêgèh. Kuswarini, têgêsipun pêngangge èstri utawi kenging katêgêsan ambêting èstri.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun sêkawan ingkang dèrèng sampeyan têgêsi.

Kawirêja: Inggih, Pamiwaltung, têgêsipun pamisahing kangên, rangsang têgêsipun umob. Rangsang Tuban, têgêsipun umobing toya. Lindur punika sampun têmbung Jawi, inggih punika pêngucapipun tiyang tilêm.

Tuwan Anu: Sapunika namung kantun sêkar Macapat.

Kawirêja: Anggèn kula nêgêsi kêlangkungan tiga saudara, Gambuh, Dudukwuluh akalihan Balabak dèrèng, Gambuh têgêsipun lantèh. Dudukwuluh, têgêsipun suling, sarèhning punika têmbung kalih, mênawi kapisah, anggadhahi têgês piyambak- piyambak. Duduk têgêsipun tuju, kêncêng utawi ing jaman kina wontên dêdamêl nama duduk tuwin namaning sêsakit. Wuluh punika sampun jarwa. Balabak têgêsipun silêm. <342>

Tuwan Anu: Sapunika nyandhak sêkar Macapat.

Kawirêja: Inggih, Dhangdhanggêndhis punika wêstaning godho, ingkang kaangge damêl paès. Punapadene Dhangdhanggêndhis wau kenging katêgêsan gêndhis kareka wêrni dhangdhang. Sinom, têgêsipun godhong asêm utawi rambut alus ingkang wontên ing bathuk. Pangkur, têgêsipun buntut. Durma, têgêsipun sima. Pucung, têgêsipun uwit kêluwak. Mijil, têgêsipun mêdal. Kinanthi, têgêsipun dipun kanthi. Maskumambang sampun têmbung jarwa. Asmarandana utawi Asmaradana, têgêsipun rêmên wèwèh utawi suka sêngsêm.

Tuwan Anu: Sakêlangkung panêdha sêrta suka bingah kula dhatêng ing pitulung sampeyan. Pêmuji kula, mugi kula sagêda malês adamêl suka pirênaning galih sampeyan.

Kawirêja: Sangêt pênuwun kula, sampeyan kagungan pênggalih mêkatên. Mênggah cipta kula, sampun karumiyinan ing pêmalês sampeyan, amêrgi saking kula sampeyan rakêtakên. Namung pênyuwun kula, mênawi wontên lêpat utawi klintunipun anggèn kula nêgêsi, mugi sampun andadosakên duka sampeyan, awit kula dede pujôngga, ingkang kula aturakên namung ing sasumêrêp kula kemawon.

Tuwan Anu: Mêkatên punika sampun sampeyan galih, saudara, botên <343> pisan yèn andadosna manah kula, awit kula sampun andugi piyambak, angèlipun [a...]

--- 180 ---

[...ngèlipun] tiyang anêgêsi nama sanès akalihan nêgêsi têmbung wontên ing sêrat. Sagêd ngurut saking ukaranipun.

Kawirêja: Sukur mênawi sampeyan kagungan pênggalih mêkatên. Wondening kêrsa sampeyan, ingkang sampun kapêngandikakakên dhatêng kula, badhe andangu dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra, angêsahakên anggèn kula nêgêsi, kula mriyogèkakên sangêt.

Tuwan Anu: Lah, punika Radèn Ngabèi Kawindra dhatêng. Sampeyan punapa têksih wilujêng, saudara.

Kawindra: Pêngèstu sampeyan inggih wilujêng.

Tuwan Anu: Sampeyan pinarak, saudara.

Kawindra: Inggih. Sampeyan wau punapa sampun dangu, adhi ngabèi.

Kawirêja: Sampun. Saudara sampeyan tuwan mundhut prêtelanipun sêkar Kawi akalihan sêkar Têngahan sêrta sêkar Macapat salampah tuwin lagunipun. Sampun kula saosi, kula lajêng kakêrsakakên anêgêsi namaning sêkar wau sêdaya, sasagêd sumêrêp kula inggih sampun kula têgêsi, kêrsanipun tuwan, badhe kaêsahakên dhatêng sampeyan, kula sakêlangkung mriyogèkakên. Dados rawuh sampeyan punika kêpênujon.

Kawindra: Pêngraos kula, mênawi sampeyan ingkang nêgêsi, sampun pitados sangêt.

Kawirêja: Dèrèng môntra-môntra kados pêngandika sampeyan punika. Lah, punika wêrninipun, tapak astanipun tuwan piyambak, mugi sampeyan <344> pariksa.

Kawindra: Pêngraos kula sampun lêrês sêdaya, namung namaning sêkar tiga, ingkang sampeyan wêstani botên têpang ing ngajêng kalihan ing wingking, punika pêmanggih kula têpang.

Kawirêja: Ingkang pundi.

Kawindra: Punika, Langênjiwa, Jiwarêtna, Rêtnajiwa.

Kawirêja: Kula sumôngga, kadospundi anggèn sampeyan nêpangakên.

Kawindra: Langên utawi langyan, têgêsipun bingah, kabingahan, asri. Jiwa, têgêsipun nyawa, gêsang. Pêngraos kula pikantuk mênawi katêgêsan kabingahaning gêsang, ewadèntên sumôngga.

Kawirêja: Kêsinggihan pêngandika sampeyan, kula andhèrèk.

Kawindra: Wondening têgêsipun Jiwarêtna, gêbyar utawi soroting sêsotya. Têgêsipun Rêtnajiwa sêsotya gumêbyar utawi sumorot. Surarêtna, têgêsipun dewaning sêsotya, inggih punika pêpêthinganing sêsotya. [sê...]

--- 181 ---

[...sotya.]

Kawirêja: Dene punika têka gumlèthèk kemawon. Sadangunipun kula upadosi botên pinanggih têpangipun. <345>

Tuwan Anu: Sampeyan paringakên, saudara, badhe kula sêrati.

Kawirêja: Sumôngga.

Tuwan Anu: Aliya saking tiga punika, punapa sampun lêrês sêdaya, saudara.

Kawindra: Saking pêngraos kula sampun lêrês sêdaya, botên wontên ingkang kula cawadi.

Tuwan Anu: Sampeyan ngunjuk wedang, saudara.

Kawindra: Inggih. Sampeyan sumêrêpa, saudara, para sagêd utawi ingkang ahli Kawi punika sami botên condhong ing bab têgêsipun têmbung Kawi, dados sami gadhah pêmanggih piyambak-piyambak.

Tuwan Anu: Punika sabab dening punapa, saudara.

Kawindra: Amêrgi saking botên wontên watonipun kasêbut ing sêrat ingkang kenging kadamêl amabêni, mênawi wontên sulayaning têgês wau, kaping kalih sêrat Jawi punika kathah ingkang ewah, sulaya kalihan babonipun ingkang wiwitan.

Tuwan Anu: Ewahipun punika amêrgi saking punapa.

Kawindra: Sababing ewahipun punika kalih prêkawis, 1. amêrgi saking lêpating panêdhakipun, 2. amêrgi dhasar dipun ewahi dhatêng ingkang gadhah, saking <346> botên sumêrêpipun dhatêng têmbung Kawi, anggadhahi pêmanah yèn lêpat panyêratipun, dados kaewahan ing sapriyogining pêmanggihipun piyambak. Têka mindhak têrang botên, malah sangsaya bibrah, têrkadhang lajêng lintu têgês.

Tuwan Anu: Sadèrèngipun kaewahan, punapa botên mawi kamusawaratakên dhatêng ingkang para sagêd rumiyin.

Kawindra: Yèn mawia kamusawaratakên dhatêng para pujôngga, kados botên wontên sêrat bibrah, wau kula sampun matur, ingkang gadhah andugi yèn lêpat panyêratipun.

Tuwan Anu: Punapa wontên ingkang sampeyan èngêti ungêl-ungêlanipun ing sêrat Kawi sadhengah kemawon, ingkang ewah saking babonipun. Kula badhe sumêrêp.

Kawindra: Ingkang kula èngêti ing sapunika, ing sêrat Bratayuda Kawi kalih panggenan ingkang ewah saking babon, 1. kala pêrangipun Seta akalihan Bisma, ungêl-ungêlanipun mêkatên: mangkin garjita Sang, Wiratha Sutase, napati ring Pandhawa / manduk ring warata, mara sang ngaransa, ntanu jagrèng Kuru / lêrêsing

--- 182 ---

ungêl-ungêlan ingkang sêpada lingsa wêkasan punika mêkatên: manduk ring warata, mara Sang aran sa, nta nu jawagrèng Kuru.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun wagrèng utawi jagrèng.

Kawindra: Wagrèng punika ngêmbêng ing, wêtahipun wagra ing utawi wagraning, wagra, têgêsipun sima, ja: wêdal, anak. Grèng: asat, sirna, mênawi mungêl santanu <347> jagrèng Kuru, saking pêmanggih kula piyambak botên pikantuk ing urutipun. Lêrês ingkang mungêl wagreng Kuru, mila mêkatên, ingkang kasêbut nama Santanuja punika Bisma, anakipun Santanu, Bisma wau simanipun Kurawa, ngibaratipun sima andêl-andêl. Jawinipun ungêl-ungêlan Kawi wau mêkatên: sangsaya girang Sang Seta senapatining Pandhawa, anglêpasakên jêmparing linangkung dhatêng ingkang wêsta Santanu putra, andêl-andêlipun Kurawa.

Tuwan Anu: Malihipun ing pundi saudara.

Kawindra: Malihipun, kala pêjahipun putra ing Wiratha têtiga, sêkaripun Girisa, ungêl-ungêlanipun mêkatên: Atas dhêngira mantuk, sangupura laga ing ngayun / tucapa aji Wiratha, karyya panangising wka / ing kalih dirga punika, ingkang lêpat sêpada lingsa, ingkang mungêl karyya panangising wka, lêrêsipun mungêl karyya manangisi wka. Têgêsipun karyya panangising wka: kantun pênangising putra, têgêsipun karya manangisi wka: kantun anangisi putra, punika ingkang lêrês. Awit kalanipun para prajurit mundur saking pêprangan, ingkang kacriyos ratu ing Wiratha, punika botên tumut mundur, kantun amuwuni putranipun. Ungêl-ungêlan karyya panangisingmanangisi. wka wau, têrkadhang dados karya panangising wka, têgêsipun: adamêl pênangising anak. Aliya saking punika kathah kemawon ingkang ewah, ananging kula botên kèngêtan panggenanipun. Kêjawi wontên sêratipun, kula sagêd nêdahakên. <348>

Tuwan Anu: Mênawi mêkatên, saudara, anggèn sampeyan mitulungi anjawèkakên sêrat kula Bratayuda Kawi, babonipun pundi ingkang lêpat, mugi sampeyan ewahi pisan.

Kawirêja: Inggih, mênawi sampun kula ewahi, badhe kula êsahakên dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawindra.

Tuwan Anu: Inggih, punika priyogi sangêt. Sampeyan kados inggih dhangan amitulungi.

Kawindra: Inggih, ananging saking pêngraos kula, mênawi adhi Ngabèi Kawirêja ingkang nglêrêsakên, sampun pitados sangêt. Aliya saking sêrat Kawi, kula èngêt wontên sêrat Jawi sêtunggil Surti, punika ingkang sêpada lingsa wiwitan inggih asring sulaya kalihan babonipun. Ungêl-ungêlanipun ingkang lêrês [lêrê...]

--- 183 ---

[...s] mêkatên: sarasa sinilêm ing jaladri. Punika wontên ingkang ngewahi mêkatên: surasa sinilêm ing jaladri. Wontên ingkang ngewahi mêkatên: surasa sinilêm ing jelatri. Kalih pisan punika lêpat sêdaya. Aliya saking sêpada lingsa punika kathah ingkang dipun ewahi.

Tuwan Anu: Punapa têgêsipun sêpada lingsa punika.

Kawindra: Têgêsipun: pêngraos kados dipun silêmakên ing sêgantên. <349> punika têmbungipun ingkang nganggit sêrat Surti, saking angeling pênganggitipun, kaupamèkakên kados kasilêmakên ing sêgantên. Mêkatên malih sêsaminipun ingkang kasêbut ing bêbukanipun sêrat Nitipraja, kadya silêm ing sêgara gêni. Punika inggih namung kadamêl upami kemawon.

Tuwan Anu: Manawi sampeyan parêng, kula mugi sampeyan upadosakên sêrat Surti ingkang sampun êsah.

Kawindra: Kula piyambak gadhah, benjing-enjing kula saosakên. Mênawi kêrsa katêdhak, kula inggih sumôngga.

Tuwan Anu: Inggih, badhe kula têdhak.

Kawindra: Mênawi sampun botên wontên kêrsa sampeyan malih, sarèhning sampun dalu, kalih badhe jawah, kula mugi kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, saudara, ananging ingkang kula kajêngakên kados botên têlas-têlas. Têksih kathah ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan.

Kawindra: Inggih ing sasêlot-sêlotipun, anggêr têksih ginanjar gêsang sêrta kêsarasan, amêsthi botên kula awratakên angladosi kêrsa sampeyan. Sampeyan kantun punapa mundur, adhi ngabèi.

Kawirêja: Kula inggih badhe mantuk. Kula sampeyan lilani mundur, saudara. <350>

Tuwan Anu: Inggih, kula punika bingah sangêt, mênawi kêrêp sampeyan tuwèni.

Kawirêja: Mênawi kula pênuju botên saos sêrta botên wontên pambênganipun sanès, sabên sontên kula inggih sagêd sowan mriki.

Tuwan Anu: Kula sakêlangkung saking dhangan, mênawi sampeyan kêrsa pinarak ing griya kula sabên sontên.

--- 184 ---

72. en 73: over de Javaansche literatuur, in het Kawi en in het Javaansch

Tuwan Anu: Kula punika badhe kêklêmpak sêrat Kawi akalihan sêrat Jawi, ing Surakêrta ngriki punapa wontên tiyang ingkang sade.

Radèn Ngabèi Parakawi: Mênawi sêrat ingkang pancèn kasade botên wontên, ananging wontên tiyang ingkang gadhah, têrkadhang inggih suka katumbas utawi kasambut badhe katêdhak. Sêmantên punika kauningana, sanèsipun para agêng awis tiyang Jawi gadhah sêrat ingkang dumugi cêriyoipun, têrkadhang wontên ingkang gadhah wiwitanipun, têngahan utawi wêkasanipun botên wontên. Suwênèh wontên ingkang gadhah têngahan utawi wêkasanipun kemawon, wiwitanipun <351> botên wontên. Dados kangelan anggènipun ngupados urut têpanging cêriyos ingkang ngantos dumugi têlasipun pisan.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan parêng kula suwuni pitulung ngupadosakên.

Parakawi: Mênawi wontên kêrsa sampeyan botên kula awratakên. Ananging kêdah ing sasêlot-sêlotipun.

Tuwan Anu: Inggih, botên wontên kêsêsanipun. Anggêr sampeyan sampun dhangan amitulungi, manah kula bingah, kalih dening malih, aliya saking sampeyan, kula badhe nêdha pitulung ngupadosakên dhatêng Radèn Ngabèi Kawirêja akalihan dhatêng Radèn Ngabèi Kawindra.

Parakawi: Kêrsa sampeyan mêkatên punika kula mriyogèkakên.

Tuwan Anu: Kathah pundi, saudara, sêrat Kawi akalihan sêrat Jawi.

Parakawi: Mênawi ingkang têksih têmbung Kawi namung sêkêdhik, amêrgi prêsasat sampun botên wontên wujudipun, kathah ingkang sampun kajawèkakên.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, kula nyuwun prêtelanipun sêrat, ingkang babon saking Kawi, badhe kula sêrati.

Parakawi: Inggih, sêrat ingkang babon saking Kawi, èngêt-èngêtan kemawon: 1. Manikmaya, 2. Mahadewabuda, 3. Budawaka, 4. Mahabrawa, <352> 5. Sumanantaka, 6. Arjuna Wijaya, 7. Ramayana, 8. Mahabasawa, 9. Manumanasa, 10. Purwananda, 11. Ariwanda, 12. Asmaradahan, Asmaradahana, (dan di tempat lain). 13. Dewabrata, 14. Bôndhalaksana, 15. Darmasarana, 16. Pandhupapa, 17. Gorangsa, 18. Bale Gala-gala, 19. Kunjara Krêsna, 20. Malawi Urusan, 21. Pandhawadana, 22. Gathotkacasaya,Gathotkacasraya, (dan di tempat lain). 23. Partayagnya, 24. Palgunadi, 25. Dewa Ruci, 26. Manikharja Purwaka,

--- 185 ---

27. Wiwaha, 28. Yudanagara, 29. Bomantara, 30. Bomantaka, 31. Bratayuda, 32. Krimataya, 33. Yudayana, 34. Ajinirmala, 35. Darmasunya, 36. Nitisastra.

Tuwan Anu: Sêrat Kawi sêmantên kathahipun punika ingkang têksih wontên wujudipun ingkang pundi.

Parakawi: Sasumêrêp kula, 1. Ramayana, 2. Arjuna Wijaya, 3. Bratayuda, 4. Wiwaha, 5. Nitisastra, punika ingkang mêsthi têksih wontên.

Tuwan Anu: Ing sapunika kula nyuwun prêtelanipun sêrat Jawi.

Parakawi: Inggih, sêrat Jawi punika wêrni kalih, wontên ingkang pancèn babon Jawi, wontên ingkang têtêdhakan pêpêthikan saking Arab, mênggah ingkang <353> anggitan Jawi èngêt-èngêtan: 1. Anglingdarma, 2. Bandung, 3. Sindula, 4. Panji Angrèni, 5. Panji Jayalêngkara, 6. Panji Priyêmbada, 7. Panji Paniba, 8. Panji Sêmawung, 9. Babad Pajajaran, 10. Babad Maospait, 11. Babad Dêmak, 12. Babad Pajang, 13. Babad Mêtawis, 14. Babad Kartasura, 15. Babad Palihan Nagari, 16. Baron Sakèndhèr, 17. Damarwulan, 18. Suryangalam, 19. Jugul Mudha, 20. Pêpali, 21. Surti, 22. Jaya Lêngkara Wulang, 23. Nitipraja, 24. Raja Kapa-kapa, 25. Sewaka, 26. Wulangrèh, 27. Sanasunu, 28. Jayabaya, 29. Dasanama, 30. Carakabasa, 31. Rêngganis, 32. Panji Murtaswara, 33. Kudanarawôngsa, 34. Cênthini, 35. Pawukon, 36. Katuranggan, 37. Kancil, 38. Sasana Prabu, 39. Yudanagara Wulang, 40. Hidayatullah, 41. Sèh Tekawardi, 42. Pranacitra.

Tuwan Anu: Sêrat Jawi ingkang babon utawi pêpêthikan saking kitab, mugi sampeyan prêtelakakên pisan.

Parakawi: Inggih, èngêt-èngêt kemawon, 1. Anbiya, Ambiya (dan di tempat lain). 3. Iskandar, 3. Menak, 4. Asmarasupi, 5. Tajusalatin, 6. Nawawi, 7. Bustam, 8. Joharsah, 9. Mursada, 10. Bayan Budiman, 11. Sawarnining <354> suluk, 12. Ahmad Muhamad, 13. Khobar Kiyamat, mênggah sêrat Rêngganis ingkang sampun kula aturakên wau, sêsêmpalan saking Menak.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan sumêrêp wêstanipun ingkang nganggit sêrat Kawi sêdaya wau.

Parakawi: Sumêrêp.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, mugi sampeyan prêtelakakên. Badhe kula sêrati pisan.

--- 186 ---

Parakawi: Inggih, Sêrat Manikmaya, Dewabrata, Dewa Ruci, Manikarja Purwaka, Yudanagara, ingkang nganggit kala têksih têmbung Kawi, anama Êmpu Widayaka. Sêrat Mahadewa Buda, Ramayana, ingkang nganggit Êmpu Puywa. Sêrat Budawaka, ingkang nganggit Êmpu Yogiswara. Sêrat Mahabrama, Sumanantaka, ingkang nganggit Êmpu Monaguna. Sêrat Arjuna Wijaya, Ariwanda, Gathotkacasaya,Gathotkacasraya (dan di tempat lain). Krimataya, ingkang nganggit Êmpu Panuluh. Sêrat Mahabasawa, Purwananda, ingkang nganggit Êmpu Thanirat. Sêrat Asmaradahan ingkang nganggit Êmpu Salukat akalihan Êmpu Karmajaya. Sêrat Bôndhalaksana, ingkang nganggit Êmpu Ragarunting. Sêrat Darmasarana, Pandhawadana, ingkang nganggit Êmpu Tapawangkêng. Sêrat Pandhupapa ingkang nganggit Êmpu Mayangga. Sêrat Gorangsa ingkang nganggit Êmpu Brata. Sêrat Bale Gala-gala, sêrat Manumanasa, ingkang nganggit Êmpu Jôngga. sêrat Kunjara Krêsna, Bomantaka, ingkang nganggit Êmpu Bodhaguna. Sêrat Malawi Urusan ingkang nganggit Êmpu Paradhah. Sêrat Partayagnya, Wiwaha, ingkang nganggit Êmpu Kanwa. Sêrat Palgunadi, ingkang nganggit Êmpu Karmajaya. Sêrat Bomantara, Yudayana, ingkang nganggit Êmpu <355> Kalangon. Sêrat Bratayuda, ingkang nganggit Êmpu Sêdhah. Sêrat Aji Nirmala, ingkang nganggit Êmpu Wijatmaka. Sêrat Darmasunya, ingkang nganggit Bathara Panyarikan. Sêrat Nitisastra, ingkang nganggit Prabu Widayaka.

Tuwan Anu: Sêrat Kawi sêdaya wau nyêriyosakên punapa, saudara, mugi sampeyan prêtelakakên sêtunggil-sêtunggil.

Parakawi: Inggih, sêrat Manikmaya nyêriyosakên kala Sang Hyang Wasesa anitahakên bumi akalihan langit. Sêrat Mahadewa Buda anyêriyosakên kala Sang Hyang Guru jumênêng ratu ing ngarcapada. Sêrat Budawaka nyriyosakên kala Sang Hyang Guru mranata agami. Sêrat Mahabrama nyriyosakên kala Sang Hyang Brama jumênêng ratu ing ngarcapada. Sêrat Sumanantaka nyriyosakên kala Sang Hyang Wisnu jumênêng ratu ing ngarcapada. Sêrat Arjuna Wijaya nyriyosakên lêlampahanipun ratu Sabrang ing Maèspati. Sêrat Ramayana nyriyosakên lêlampahanipun ratu sabrang ing Ngayudya akalihan ratu ing Ngalêngka. Sêrat Mahabasawa nyriyosakên kêraton ing Wiratha. Sêrat Manumanasa nyriyosakên <356> lêlampahanipun Rêsi Manumanasa. Sêrat Purwananda nyriyosakên kêraton ing Ngastina wiwitan. Sêrat Ariwanda nyriyosakên lairipun Bêgawan Abiyasa. Sêrat Asmaradahan nyêriyosakên kramanipun PêgawanBêgawan (dan di tempat lain). Abiyasa wau.

Tuwan Anu: Sampeyan kèndêl sêkêdhap, saudara, ingkang dhatêng punika tingal kula kados Radèn Ngabèi Kawiswara.

--- 187 ---

Parakawi: Tingal kula inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Sampeyan lajêng, saudara, sampun lami sampeyan botên kêtingal-kêtingal.

Kawiswara: Inggih, mila lami botên sowan ing sampeyan, tiyang èstri kaganjar sakit kasrêpên. Ing sapunika sampun sêkeca.

Tuwan Anu: Kula botên kêmirêngan pisan-pisan, mênawi rayi sampeyan gêrah, anggèn sampeyan botên pinarak mriki kula wêstani amêrgi saking kêpambêngan ing pêdamêlan kathah, utawi anglampahi ayahan dalêm.

Kawiswara: Kula ing dalêm kalih wulan botên kesah- kesah saking griya, anênggani tiyang èstri kemawon. Panjênêngan sampeyan wau punapa sampun dangu, kyai.

Parakawi: Uwis, têkaku dhèk jam sêtêngah lima, saudaramu tuwan ngêrsakake kêklumpuk layang Kawi lan layang Jawa, aku dipundhuti pitulung ngupayaake, sêrta <357> mrêtelakake jênênging layang siji-sijine, mau wis disêrati kabèh, dalasan jênênge kang padha nganggit apadene cêritane layang siji-siji, durung nganti tutug kêsêlak kowe têka.

Kawiswara: Sumôngga kalajêngakên, sowan kula punika botên wontên prêluninan, prêlunipun,. namung saking lami botên kêpanggih akalihan saudara ijêngandika tuwan.

Parakawi: Aku iki sumôngga bae, yèn dikêrsakake marang tuwan iya dak tutugake.

Tuwan Anu: Mênawi parêng inggih sampeyan dumugèkakên. Yèn sampun, lajêng sami omong-omongan.

Parakawi: Inggih, wau sawêg dumugi sêrat Asmaradahan. Ing sapunika sêrat Dewabrata, punika nyriyosakên lêlampahanipun Rêsi Bisma. Sêrat Bôndhalaksana nyriyosakên sayêmbaranipun Dèwi Kunthi ing Madura. Sêrat Darmasarana nyriyosakên lairipun Pandhawa. Sêrat Pandhupapa nyriyosakên sedanipun Prabu Pandhu. Sêrat Gorangsa nyriyosakên lêlampahanipun Prabu Basudewa. Sêrat Bale Gala-gala nyriyosakên Pandhawa dipun bêsmi wontên ing Ngastina. Sêrat Kunjara Krêsna nyriyosakên jumênêngipun Prabu Krêsna ing Dwarawati. Sêrat Malawi Urusan nyêriyosakên kala babadipun <358> ing Ngamarta. Sêrat Pandhawadana nyriyosakên Pandhawa nglampahi têtapa. Sêrat Gathotkacasaya nyriyosakên lairipun Gathotkaca. Sêrat Partayagnya nyriyosakên Arjuna krama angsal Dèwi Sumbadra. Sêrat Palgunadi nyriyosakên Arjuna anggêguru dhatêng Durna.

--- 188 ---

Tuwan Anu: Kèndêl sêkêdhap, saudara, kula badhe ngewahi kalam. Sidin, jupukna lading pêngaretanaku.

Sidin: Inggih.

Tuwan Anu: Sampun, saudara, mugi sampeyan lajêngakên.

Parakawi: Inggih. Sêrat Dewaruci nyriyosakên Wrêkodara anggêguru dhatêng Durna. Sêrat Manikarja Purwaka nyriyosakên Pandhawa sami dipun apusi wontên ing Ngastina. Sêrat Wiwaha nyriyosakên Arjuna tapa anama Mintaraga. Sêrat Yudanagara nyriyosakên Pandhawa sami suwita wontên ing Wiratha. Sêrat Bomantara nyriyosakên lairipun Boma. Sêrat Bomantaka nyriyosakên pêjahipun Boma. Sêrat Bratayuda nyriyosakên pêrangipun Pandhawa mêngsah Korawa. Sêrat Krimataya nyriyosakên muksanipun Pêgawan Abiyasa. Sêrat Yudayana nyriyosakên lêlampahanipun Prabu Yudayana. Sêrat Aji Nirmala nyriyosakên lêlampahanipun Prabu Aji Nirmala. Sêrat Darmasunya nyriyosakên sakathahipun <359> ngèlmi Buda. Nitipraja punika sêrat wêwulang. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Sêrat Darmasunya wau kula kêpingin gadhah, badhe sumêrêp ngêlminipun tiyang Buda, pêndugi sampeyan punapa têksih wontên.

Parakawi: Ing Surakêrta ngriki awis wontên, saudara, duka sampeyan ing nêgari liyanipun. Ewadèntên inggih kula prêlokakên ing pêngupados kula. Kêpriye anak ngabèi, apa kowe tumon ana wong duwe layang Darmasunya.

Kawiswara: Kula nuwun botên.

Tuwan Anu: Ing sapunika priyogi sami kèndêl rumiyin, sami lênggahan ing jawi sêrta omong-omongan.

Parakawi: Sumôngga, ananging mênawi parêng, kula kalilana mantuk, benjing-enjing kula sowan mriki malih.

Tuwan Anu: Sumôngga ing sakêrsa sampeyan. Wondening sampeyan badhe pinarak mriki malih, sakêlangkung andadosakên suka bingah kula, kula badhe sumêrêp namanipun ingkang sami nganggit sêrat Jawi, sêrta ingkang kacriyosakên ing sêtunggil-sêtunggiling sêrat.

Parakawi: Inggih, kowe kari apa barêngi aku.

Kawiswara: Kula inggih badhe mundur, sampeyan lilani, saudara. <360>

Tuwan Anu: Inggih mênawi sagêd, sampeyan benjing-enjing kula aturi nyarêngi rama ijêngandika Radèn Ngabèi Parakawi pinarak mriki malih.

--- 189 ---

Kawiswara: Kados sagêd.

73. Tuwan Anu: Sakêlangkung andadosakên suka bingahing manah kula, sampeyan pinarak mriki, suwawi sami lênggah, saudara.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Mênawi sampeyan parêng, kula andumugèkakên pênyuwun kula, badhe sumêrêp namanipun ingkang sami nganggit sêrat Jawi sêrta ingkang kacriyosakên ing sêtunggil-sêtunggiling sêrat.

Parakawi: Inggih, sêrat Tajusalatin, Iskandar, Panji Angrèni, Babad Palihan Nagari, Sewaka, ingkang nganggit Ngabèi Yasadipura kêpisan. Sêrat Sanasunu ingkang nganggit Radèn Ngabèi Yasadipura kaping 2. Sêrat Nawawi ingkang nganggit <361> Ngabèi Sastrawijaya. Sêrat Anglingdarma ingkang nganggit Adipati ing Sêmawis. Sêrat Bandung ingkang nganggit Kyai Panjang Jiwa. Sêrat Sindhula ingkang nganggit Panêmbahan ing Madura. Sêrat Panji Jayalêngkara ingkang nganggit Ngabèi Kêrtadiwirya.

Tuwan Anu: Kula nyêlani pitakèn, saudara, ingkang sampeyan wêstani Ngabèi Yasadipura kaping 2, punapa punika ingkang kaparingan nama Radèn Tumênggung Sêstranêgara.

Parakawi: Inggih, punika guru kula. Sêrat Panji Priyêmbada ingkang nganggit panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 3. Sêrat Panji Paniba ingkang nganggit Mas Rôngga Awikrama, inggih punika Yasadipura kaping 3, sêrat Panji Sêmawung ingkang nganggit Mas Rônggawarsita. Sêrat Baron Sakèndhèr, ingkang nganggit Ngabèi Yudasara. Sêrat Suryangalam, Jugul Mudha ingkang nganggit Sultan Dêmak. Sêrat Pêpali ingkang nganggit Kyai Agêng Sêsela. Sêrat Surti ingkang nganggit Pangeran Karanggayam ing Pajang. Sêrat Jayalêngkara Wulang ingkang nganggit Pangeran Pêkik ing Surapringga. Sêrat Nitipraja ingkang nganggit Kangjêng Sultan Agung. Sêrat Wulangrèh ingkang nganggit panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 4, sêrat Suluk ingkang nganggit para wali.

Sidin: Kula amatur ing sampeyan, punika wontên utusanipun Radèn Ngabèi Kawiswara.

--- 190 ---

Tuwan Anu: Undangên mrene.

Sidin: Inggih.

Utusan: Kula nuwun, sowan kula ing panjênêngan sampeyan dipun utus dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawiswara, ingkang rumiyin angaturakên ingkang tabe, kaping kalih angaturi uninga, mênawi saudara sampeyan botên sagêd sowan, amêrgi katimbalan dhatêng kêpatihan.

Tuwan Anu: Iya, aturna tabeku marang saudara radèn ngabèi.

Utusan: Inggih, mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani.

Tuwan Anu: Iya. Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Parakawi: Inggih. Sêrat Babad Pajajaran, Babad Maospait, Babad Dêmak, Babad Pajang, Babad Matawis, Raja Kapa-kapa, ingkang nganggit Pangeran Adilangu. Sêrat Babad Kêrtasura, Damarwulan, Dasanama, Carakabasa, Panji Murtasmara, Kudanarawôngsa, Sasana Prabu, Yudanagara Wulang, ingkang nganggit Carik Bajra ing Kêrtasura. Sêrat Pranacitra, Rêngganis, anggitanipun Rônggajanur ing Kêrtasura. Sêrat Ambiya, kala wiwitan ingkang nganggit para ngulami, lajêng dipun anggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kêpisan. Sêrat Menak, kala wiwitan ingkang nganggit Kyai Sutrapana, lajêng dipun anggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kêpisan. Sêrat Asmarasupi, kala wiwitan ingkang nganggit Adipati Pangeran <363> ing Sêmawis, lajêng kaanggit malih dhatêng Ngabèi Yasadipura kêpisan.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang rumiyin, saudara.

Parakawi: Inggih. Punapa kula lajêngakên, saudara.

Tuwan Anu: Inggih, mênawi parêng.

Parakawi: Sêrat Jayabaya ing kina ingkang nganggit Êmpu Salukat, lajêng kaanggit malih dhatêng Susuhunan Giri kaping 2, anuntên kaanggit malih dhatêng Pangeran Adilangu kala jaman Kêrtasura. Sêrat Pawukon ingkang nganggit Ajar Artandriya, nuntên kawangun dhatêng Susuhunan Giri kaping 2. Sêrat Kancil kalayan sakathahipun dongèng sato khewan panunggilanipun sêrat Kancil wau, ingkang nganggit Kyai Rôngga Amongsêstra, carik ing kadospatèn kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 5. Sêrat Katuranggan ingkang nganggit Radèn Manyura, lurah panêgar ing Kêrtasura. Sêrat Cênthini punika kaanggitan ing pasisir kala jaman Mêtawis, lajêng kaanggit malih dhatêng Kyai Rôngga Sutrasna carik ing kadospatèn, kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 5, kula badhe nginang rumiyin, saudara.

Tuwan Anu: Inggih.

--- 191 ---

Parakawi: Sopla, lopak-lopake prènèkna. <364>

Sopla: Inggih.

Parakawi: Etang kula namung kantun sêrat wolu, Joharsah, Mursada, Bayan Budiman, Sèh Tekawardi, Hidayatullah, Bustam, Ahmad Muhamad, Khabar Kiyamat, ananging sêdaya punika kula botên sumêrêp ingkang nganggit, ingkang kula sumêrêpi namung cêriyosipun.

Tuwan Anu: Kula rumiyin mirêng wontên sêrat Jawi nama Jatikusuma, punapa inggih yêktos wontên.

Parakawi: Inggih wontên, punika pênunggilanipun suluk ingkang sampun kula aturakên wau, wondening panunggilanipun malih sêrat Sèh Malaya, Jaka Salewah. Sêrat Jatikusuma, akalihan Sèh Malaya, ingkang nganggit Pangeran Adilangu. Sêrat Jaka Salewah ingkang nganggit Susuhunan Lèpèn.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, ing sapunika kula nyuwun sumêrêp ingkang kacriyosakên ing sêtunggil-sêtunggiling sêrat Jawi wau.

Parakawi: Inggih sumôngga, sêrat Anbiya nyêriyosakên lêlampahanipun para Nabi ing tanah Ngarab. Sêrat Iskandar nyêriyosakên Sultan Iskandar ing Rum. Sêrat MenanMenak. nyêriyosakên lêlampahanipun Sayidina Khamjah. Sêrat Asmarasupi nyêriyosakên lêlampahanipun Asmarasupi. Sêrat Anglingdarma nyêriyosakên lêlampahanipun Prabu Anglingdarma <365> ing Malawapati. Sêrat Bandung nyêriyosakên lêlampahanipun Prabu Baka ing Prambanan. Sêrat Sindhula nyêriyosakên lêlampahanipun Prabu Sindhula dumugi Ajisaka. Sêrat Panji Angrèni nyêriyosakên kramanipun Panji angsal Dèwi Angrèni. Sêrat Panji Jayalêngkara nyêriyosakên Dèwi Kirana dados ratu ing Bali. Sêrat Panji Priyêmbada nyêriyosakên lêlampahanipun Panji kala nama Panji Prinyêmbada.

Tuwan Anu: Kèndêl sêkêdhap, saudara, kula badhe ngewahi kalam.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Saupami kula sagêda pikantuk sakathahing sêrat ingkang sampun kula sêrati namanipun punika, iba bingahipun manah kula.

Parakawi: Mênawi dipun têlatosi ing pêngupadosipun, kados inggih sagêd pikantuk sêdaya.

Tuwan Anu: Swawi sampeyan dumugèkakên, saudara.

Parakawi: Inggih, sêrat Panji Paniba nyêriyosakên lêlampahanipun Dèwi Kirana kala nama Paniba. Sêrat Panji Sêmawung nyêriyosakên kala [ka...]

--- 192 ---

[...la] Panji sampun jumênêng ratu. Sêrat Babad Pajajaran nyêriyosakên kêraton ing Pêjajaran. Babad Maospait nyêriyosakên kêraton ing Maospait. Sêrat Babad Dêmak nyêriyosakên kêraton ing Dêmak. <366> Babad Pajang nyêriyosakên kêraton ing Pajang. Babad Matawis nyêriyosakên kêraton ing Mêtawis. Babad Kartasura nyêriyosakên kêraton ing Kartasura. Babad Palihan Nagari nyêriyosakên pêmalihipun tanah Jawi dados kêraton kalih, ing Surakêrta akalihan ing Nyayogyakêrta.

Tuwan Anu: Kala mêmalihipun tanah Jawi, dados kêraton kêkalih, sintên ingkang jumênêng ratu wontên nêgari ing Surakêrta.

Parakawi: Ingkang jumênêng ratu Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping tiga, wondening ingkang jumênêng ratu wontên nêgari ing Nyayogya, Kangjêng Sultan Mangkubumi, kêprênah paman akalihan panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping tiga wau.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan dumugèkakên, saudara.

Parakawi: Inggih, sêrat Damarwulan nyêriyosakên Damarwulan dados ratu ing Maospait. Raja Kapa-kapa punika sêrat prêcekanipun para punggawaning ratu. Sêrat Baron Sakèndhèr nyêriyosakên lêlampahanipun Baron Sêkèndhèr jaman Mêtawis. Tajusalatin, Nawawi, punika sami sêrat wêwulang têpa palupi saking Ngarab. Surya Ngalam, Jugul Mudha, sami sêrat pêngadilan. Pêpali, Surti, Jayalêngkara, Nitipraja, Sewaka, Wulangrèh, Sanasunu, <367> Sèh Tekawardi, Hidayatullah, Sasana Prabu, Yudanagara punika sami sêrat wêwulang. sawêrnining sêrat suluk punika sami pralambang ngèlmi.

Tuwan Anu: Kula rumiyin mèngêti namaning sêrat kêkalih, èngêt kula sêtunggil nama Prabangkara, kalih Jaka Krèwèd. Punika punapa yêktos wontên.

Parakawi: Inggih wontên, punika sami anggitipun Carik Bajra, sami nyêriyosakên nêgari ing Maospait.

Tuwan Anu: Suwawi sampeyan lajêngakên, saudara.

Parakawi: Inggih, Jayabaya punika prêlambangipun sêtunggil-sêtunggiling kêraton ing tanah Jawi. Sêrat Dasanama amrêtelakakên wujud sêtunggil ingkang anggadhahi nama sêdasa utawi beda-bedanipun ing nama wau.

Tuwan Anu: Bab sêrat Dasanama wau dèrèng têrang sumêrêp kula, mugi sampeyan têrangakên.

Parakawi: Mênggah ingkang kula aturakên wujud sêtunggil anggadhahi nama sêdasa wau, namung kadamêl bêbasan kemawon. Wontên ingkang kirang saking sêdasa, wontên ingkang langkung, kados ta dasanamaning rêmbulan, sasi, sitèngsu, sasôngka, côndra,

--- 193 ---

basônta, rati, sasadara, endung, prabanca, punika namung sanga, dasanamaning srêngenge, <368> arka, rawi, prabangkara, diwangkara, aruna, pratônggapati, suwônda agni, karaba, talaba, surya, raditya, punika suwêlas.

Tuwan Anu: Ingkang jangkêp sêdasa punapa botên wontên.

Parakawi: Wontên, kados ta dasanamaning èstri, taruni, dyawaela, marmadu, mantasa, wanudya, mandaniarsa, kintaka, èstri, kênya, wadu, punika jangkêp sêdasa. Dasanamaning gajah, liman, matêngga, èsthi, waniti, dirada, samaja, brajamuka, deraja, gathamuthu, hasti, punika jangkêp sêdasa.

Tuwan Anu: Mênggah wijang-wijanging nama wau kadospundi.

Parakawi: Mêkatên, kados ta namaning tulis, mênawi tumrap wontên ing wêsi, anama gurita, mênawi tumrap wontên ing êmas anama indu, mênawi tumrap wontên ing sela anama reka, mênawi tumrap wontên ing pêncatos anama wolat, mênawi tumrap wontên ing sêlaka anama wariwe.

Tuwan Anu: Sapunika sampun têrang sumêrêp kula, suwawi sampeyan lajêngakên.

Parakawi: Inggih, Carakabasa punika amrêtelakakên têgêsipun aksara kalih dasa, kados ta, Ha têgêsipun ngestokakên, Na têgêsipun <369> tuduh, Ca têgêsipun tingkah, salajêngipun ngantos dumugi Nga, katêgêsan sêdaya, mêkatên ugi ingkang dipun sandhangi. Sêrat Rêngganis nyêriyosakên kala Iman Suwôngsa rêmênan kalihan Dèwi Rêngganis. Sêrat Cênthini punika prêlambang ngèlmi. Sêrat Pranacitra nyêriyosakên bok Rara Mêndut boyongan saking Pathi. Sêrat Pawukon amrêtelakakên bêgja cilakanipun sêtunggil-tunggiling tiyang, ngetang saking dintên kêlairanipun. Sêrat Kancil punika dongèng sato khewan.

Tuwan Anu: Suwawi ngunjuk wedang rumiyin, saudara, mangke kadumugèkakên.

Parakawi: Inggih, etang kula namung kantun sêkêdhik.

Tuwan Anu: Inggih, suwawi sampeyan lajêngakên.

Parakawi: Inggih, sêrat Katuranggan amrêtelakakên awon saening pêthèk tuwin mathining kapal. SêrakSêrat. Khabar Kiyamat nyêriyosakên dintên kiyamat. Sêrat Ahmad Muhamad nyêriyosakên tanah Ngarab. Sêrat Bustam nyêriyosakên lampahing agami Islam. Sêrat Johar Sah anyêriyosakên lêlampahanipun Johar Sah. Sêrat Mursada, Bayan Budiman, punika sami sêrat wêwulang ngiras prêlambang agami. Sampun têlas, saudara.

Tuwan Anu: Sêrat Panji Murtasmara akalihan sêrat Kudanarawôngsa dèrèng. [dè...]

--- 194 ---

[...rèng.]

Parakawi: Punapa inggih mêkatên.

Tuwan Anu: Inggih, dèrèng. <370>

Parakawi: Sêrat Panji Murtasmara nyêriyosakên kala Panji anama Murtasmara krama putri ing Cêmara nama Dèwi Surèngrana. Sêrat Kudanarawôngsa nyêriyosakên Panji krama putri Ngurawan, Dèwi Côndra Kirana lajêng malih jalêr, anama Kudanarawôngsa. Sarèhning sampun dalu, saudara, kula kalilana mundur.

Tuwan Anu: Inggih, sangêt trima kasih kula ing sampeyan, amaringi sumêrêp ingkang kathah- kathah wau dhatêng kula.

Parakawi: Pêngetang kula sêdaya wau nama rèmèh, mênawi wontên kêrsa sampeyan dangu bab sanèsipun, anggêr kula sumêrêp, saèstu andadosakên suka bingah kula.

Tuwan Anu: Kados têksih kathah, ingkang badhe kula pitakèkakên ing sampeyan.

Parakawi: Mênawi mêkatên, benjing-enjing kula sowan mriki malih.

Tuwan Anu: Inggih, sakêlangkung suka bingah kula.

74. over den leeftijd van de schrijvers der werken in het Kawi en Javaansch

Tuwan Anu: Sampeyan wau kula wêstani botên èstu rawuh, awit sampun <371> siyang.

Parakawi: Mila ngantos siyang, kula wau kêtamuan sêdhèrèk ing pasisir, kêprênah kêpenakan kula.

Tuwan Anu: Suwawi lênggah, saudara.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Anggèn kula pitakèn ing sampeyan, bab ingkang sami nganggit sêrat Kawi akalihan sêrat Jawi têksih kêkirangan.

Parakawi: Punapa ingkang badhe kadangokakên malih, anggêr kula sumêrêp saèstu andadosakên dhangan kula.

Tuwan Anu: Kula badhe sumêrêp jamanipun para êmpu ingkang sami nganggit sêrat Kawi, punapa sampeyan sumêrêp.

Parakawi: Sumêrêp.

--- 195 ---

Tuwan Anu: Punika mugi sampeyan prêtelakakên, badhe lajêng kula sêrati.

Parakawi: Inggih sumôngga, kula wiwiti saking Êmpu Puywa, punika jaman nêgari ing Mêmênang, inggih punika ing Kêdhiri panjênênganipun Prabu Gêndrayana. Êmpu Widayaka utawi Prabu Widayaka inggih punika Ajisaka, jaman nêgari ing <372> Mêdhangkamulan ingkang kaping 2. Êmpu Yogiswara, punika anakipun Êmpu Puywa wau, inggih jaman nêgari ing Mêmênang, ananging kala panjênênganipun Prabu Jayabaya. Êmpu Monaguna, Êmpu Panuluh, Êmpu Tanirat, Êmpu Jôngga, Êmpu Salukat, Êmpu Karmajaya, Êmpu Garunting, Êmpu Tapawangkêng, Êmpu Mayangga, Êmpu Grata, Êmpu Bodhaguna, Êmpu Parapah, Êmpu Kanwa, Êmpu Kalangon, Êmpu Sêdhah, Êmpu Wijatmaka, punika sêdaya sami jaman nêgari ing Mêmênang, kala panjênênganipun Prabu Jayabaya, wondening Bathara Pênyarikan, punika ing jaman nêgari Mêdhangkamulan kina, kala panjênênganipun Nata Sang Hyang Wisnu.

Tuwan Anu: Ingkang nama Ajisaka wau, punapa inggih punika ingkang kacriyos anyêngkalani sawêrnining rêdi.

Parakawi: Inggih.

Tuwan Anu: Têksih kêlangkungan sêtunggil, saudara, Ajar Artandriya dèrèng sampeyan prêtelakakên.

Parakawi: Ajar Artandriya punika kala jaman nêgari ing Wiratha, panjênênganipun Nata Prabu Basukeswara.

Tuwan Anu: Mênawi parêng, sampun kêtanggêlan, kula mugi kasumêrêpna jamanipun ing nêgari ingkang sami nganggit sêrat Jawi.

Parakawi: Inggih sumôngga, Sultan Dêmak punika sultan ing nêgari Dêmak ingkang kapisan. Kyai Agêng Sêsela jaman nêgari ing Dêmak. Pangeran <373> Karanggayam punika pujôngga ing Pajang. Kyai Panjangjiwa, Pangeran Pêkik ing Surapringga, punika sami jaman nêgari ing Mêtawis. Kangjêng Sultan Agung punika ingkang jumênêng nata ing Mêtawis. Kyai Sutrapana, Carik Bajra, sami jaman nêgari ing Kêrtasura. Ngabèi Yasadipura kapisan, Ngabèi Yasadipura kaping 2, Adipati Pangeran ing Sêmawis, Ngabèi Sastrawijaya, Adipati Sêmawis, Panêmbahan Madura, Ngabèi Kêrtadiwirya, Mas Rônggawikrama, Mas Rônggawarsita, Ngabèi Yudasara, Kyai Rôngga Sutrasna, punika sami jaman nêgari ing Surakêrta.

Tuwan Anu: Pangeran Adilangu dèrèng kasêbut, saudara.

Parakawi: Ingkang nama Pangeran Adilangu punika kêkalih, sêtunggil kala ing jaman nêgari Mêtawis, kalih kala ing jaman nêgari Kêrtasura, inggih punika ingkang nganggit [ngang...]

--- 196 ---

[...git] sêrat Babad Mêtawis. Punapa sampun botên wontên ingkang kêlangkungan, saudara.

Tuwan Anu: Botên. Suwawi ngunjuk teh, saudara.

Parakawi: Inggih. Mênawi sampun têrang kêrsa sampeyan, kula kalilana mundur, badhe lajêng dhatêng ing Kawirêjan, wontên damêlipun prêlu.

Tuwan Anu: Inggih.

75. samenspraak van een heer met een Radèn Ngabèï, onder anderen ook over het lezen van het Kawi, en verklaring van een paar coupletten uit de Bråtå-joedå-Kawi

Radèn Ngabèi Widayaka: Sampun kaping tiga punika anggèn kula sowan ing sampeyan, <374> sawêg punika pinanggih wontên ing dalêm.

Tuwan Anu: Sawêg punapa anggèn sampeyan pinarak mriki.

Widayaka: Kala winginipun, kalih kala wingi sontên.

Tuwan Anu: Kala winginipun kula kesah anjaring pêksi dhatêng Kêleca, kala wingi kula dipun aturi nêdha dhatêng Tuwan Yosèp. Nanging kula botên sumêrêp pisan-pisan mênawi sampeyan pinarak mriki, awit rencang kula botên wontên ingkang sanjang.

Widayaka: Sowan kula ing sampeyan inggih botên wontên prêlunipun, namung saking lami botên pinanggih.

Tuwan Anu: Suwawi sami lênggah ing jawi, saudara, wontên isisipun sêkêdhik, ing ngriki gêrah sangêt.

Widayaka: Sumôngga.

Tuwan Anu: Sidin.

Sidin: Kula.

Tuwan Anu: Ngèmpèr ing jaba kana dokokana kursi loro lan kênap cilik <375> siji, kowe nuli anggodhoga wedang yèn uwis, ladèkna mênyang jaba.

Sidin: Inggih.

Widayaka: Anggèn sampeyan ngêrsakakên anjaring pêksi punika napa angsal kathah.

Tuwan Anu: Botên patos kathah, angsal pêksi pêrkutut tiga wêlas, dêrkuku gangsal, putêr tiga.

Widayaka: Yèn sampuna têbih sampeyan kula aturi anjaring dhatêng lênggah kula siti dhusun ing Plasajênar, kathahipun pêksi anglangkungi.

--- 197 ---

Tuwan Anu: Têbihipun lampahan pintên êjam.

Widayaka: Kirang langkunga botên kathah, lampahan sêbêdhug.

Tuwan Anu: Têbih sangêt, dados botên sagêd tulak.

Widayaka: Inggih, kêjawi wontêna kêrsa sampeyan nyare sêdalu, mangkat Sêptu, kondur Ngahad sontên.

Tuwan Anu: Mênawi sampeyan tumut, kula inggih purun anjaring mrika.

Widayaka: Sampun saèstu kula andhèrèk.

Tuwan Anu: Mêrginipun punapa kenging kaambah ing kapal.

Widayaka: Kenging. <376>

Tuwan Anu: Manawi mêkatên, priyogi sami numpak kapal, angkatipun kaenjingan, kaangkah sagêda dumugi êjam sêdasa.

Widayaka: Inggih, mênawi mangkat jam sêkawan enjing, jam sêdasa inggih dumugi, benjing punapa kêrsa sampeyan tindak.

Tuwan Anu: Mênawi botên wontên pambênganipun sêrta sampeyan dhangan, ing dintên Sêptu ngajêng punika.

Widayaka: Kula sumôngga kemawon. Punika dintênipun Rêbo, benjing-enjing kula utusan dhatêng dhusun, dhawah dhatêng bêkêl, mênawi panjênêngan sampeyan badhe têdhak.

Tuwan Anu: Inggih. Olèhmu anggodhog wedang apa durung uwis.

Sidin: Sampun. Nanging gêndhisipun têlas, kula sawêg kengkenan tumbas dhatêng Pêcinan.

Widayaka: Kula dipun wêrtosi dhatêng saudara sampeyan Radèn Ngabèi Kawirêja, mênawi sampeyan ing sapunika ngêrsakakên sinau Kawi.

Tuwan Anu: Inggih.

Widayaka: Kêrsa sampeyan mêkatên punika priyogi sangêt, awit pêmanah kula prêlu mênawi sampeyan sumêrêp ing Kawi.

Tuwan Anu: Angsal kula kêpingin badhe sumêrêp ing Kawi sampun lami, ananging dèrèng pikantuk guru ingkang priyogi, ingkang sagêd nêrangakên têgêsipun sêtunggiling <377> têmbung, sagêd-sagêd têrang, sarêng kula puruhita dhatêng Radèn Ngabèi Gunawan.

Widayaka: Kula sampun pitados sangêt, sampeyan mundhut wulang dhatêng Radèn Ngabèi Gunawan. Awit priyantun sêtunggil punika utawi Radèn Ngabèi Kawirêja kenging dipun basakakên pênungguling para pujôngga.

Tuwan Anu: Botên sampeyan piyambak ingkang mêstani mêkatên. Mèh anggêr tiyang, ingkang sami sumêrêp dhatêng priyantun kêkalih punika, amêstani mênawi sampun [sampu...]

--- 198 ---

[...n] botên kêkirangan sumêrêpipun dhatêng têmbung Kawi.

Widayaka: Ingkang sampeyan damêl wiwitan sinau sêrat punapa.

Tuwan Anu: Sêrat Bratayuda Kawi.

Widayaka: Punapa sampun kathah sumêrêp sampeyan.

Tuwan Anu: Etangipun kula punika sawêg wiwit, kenging dipun wêstani dèrèng sumêrêp punapa-punapa dhatêng ing Kawi.

Widayaka: Sampun pintên laminipun anggèn sampeyan ngêrsakakên sinau Kawi.

Tuwan Anu: Sawêg sêwulan punika, sêrta Radèn Ngabèi Gunawan sawêg kaping tiga angsalipun mriki, amêrgi saking kapambêngan ing pêdamêlan. Ingkang sampun kula waos sêrta sampun katêgêsan sawêg gangsal pada wiwitan.

Widayaka: Têksih enggal sangêt, mênggah ngungêlakên sêrat Kawi sampeyan <378> punapa sampun sagêd rikat.

Tuwan Anu: Dèrèng, ungêling têmbungipun kathah ingkang angèl, botên kados têmbung Jawi.

Widayaka: O inggih, aliya saking angèlipun ing ungêl, kados ta aksara dipun pengkal mawi dipun cakra, tiyang ingkang dèrèng sagêd Kawi kathah ingkang kodhêng dening sastra lampah. Mênawi dhangan ing kêrsa, kula badhe mirêng sêkêdhik anggèn sampeyan ngungêlakên sêrat Kawi.

Tuwan Anu: Kula dèrèng patos sagêd ngungêlakên, saudara, saking têksih kathah kêkirangan kula dhatêng Kawi, aksaranipun asring kacorak-kacaruk dhatêng têmbung ing ngajêng utawi ing wingking, bokmênawi sampeyan gêgujêng.

Widayaka: Punika botên pisan têka kula anggêgujênga sampeyan. Pundi ingkang botên lêrês, amêsthi kula lêrêsakên. Kalih dening malih tiyang sinau sêtunggiling basa, priyogi sampun mawi isin micantênakên utawi ngungêlakên. Mindhak botên enggal sagêd.

Tuwan Anu: Kêsinggihan pêngandika sampeyan punika.

Widayaka: Suwawi sêpada punika sampeyan ungêlakên.

Tuwan Anu: Inggih, nahan don yampusê, pah makirtya saka, laring sanga kuda, suddha candhrama / yogwan manggalani, mikêt prangirapa ndhawa makalaga, kurawswara <379> / ndan dwaran kawasa, aalip kadisê, rêh pamahanira, pususwah gupang / manggêh tan sdhapa, nyariwajatuhun, malarênamangu, nangrêsingati /.

Widayaka: Pêngraos kula sampun cêtha anggèn sampeyan ngungêlakên. Namung tigang pada lingsa, ingkang aksaranipun kacorak-kacaruk dhatêng ngajêng tuwin dhatêng ing wingking.

--- 199 ---

Tuwan Anu: Ingkang pundi, saudara.

Widayaka: Ingkang kacaruk dhatêng ing wingking punika, ndan dwaran kawasa, aalip kade sêrêh. Aksara Ha ingkang sêtunggil punika tumut dhatêng Sa ing ngajêngipun, dados mungêl kawasaa. Ingkang kacaruk dhatêng ngajêng punika, wiwit saking rêh, aksara Ra ingkang dipun pada lingsani punika tumut dhatêng pu, saupami dedea sastra lampah, panyêratipun mêkatên: pamahanirapu, utawi mêkatên: pamaha nir apu. Aksara Na ingkang dipun pengkal punika tumut dhatêng Pa ngajêngipun, dados mêkatên: manggêh tansdhapanya, saupami dedea sastra lampah, panyêratipun mêkatên: manggêh tan sdhapannya.

Tuwan Anu: Kadospundi têgêsipun sêpada punika.

Widayaka: Têgêsipun sigêg ing tingkah anggènipun adamêl sêngkala Êmpu Sêdhah ing taun 1079, nalikanipun wiwit nganggit pêrangipun Pandhawa, <380> dadosipun pêrang akalihan ratuning Kurawa, mokhal sagêda, upami kados Sêdhah, dipun mamah tanpa apu: wohan gambir, dene botên wontên miraosipun ing untu, saèstu malah ing mangke adamêl ngêrêsing manah.

Tuwan Anu: Anggèn sampeyan nêgêsi wiwit saking mokhal sagêda saurutipun kula botên patos sumêrêp kajêngipun. Ingkang mêstani mokhal sagêda punika sintên.

Widayaka: Wiwit saking mokhal sagêda punika wicantênipun Êmpu Sêdhah, têrangipun mêkatên: mokhal yèn kula sagêda nganggit sêrat Bratayuda, panganggit kula upami kados tiyang nginang amung sêdhah kemawon tanpa apu, tanpa wohan tanpa gambir, saèstunipun sêpa, botên wontên sêdhêpipun ing untu, amêsthi malah adamêl ngêrêsing manah.

Tuwan Anu: Sapunika sampun têrang sumêrêp kula.

Widayaka: Suwawi sêpada punika sampeyan ungêlakên, awit gampil. Kados botên kacorak-kacaruk malih, kados ingkang sampun wau.

Tuwan Anu: Inggih, mèh rahina smubang, hyang aruna kadine, traning ôngga rapuh / sabdaning kokila ring, kanigara saktêr, ning kidung ningakung / lwir wuwusing winipa, nca paptaking ngaya, mwaneh ning pagakan / mrak anguwuh bramara, ngrabasa kusumaring, para aswanarum /. <381>

Widayaka: Sampun lêrês anggèn sampeyan ngungêlakên.

Tuwan Anu: Sapunika mugi sampeyan têgêsi.

Widayaka: Inggih, têgêsipun sêpada punika mêkatên: ngajêngakên rahintên, srêngenge sêmu abrit, kados mêripatipun tiyang sakit. Ungêling pêksi, ingkang mencok ing uwit kanigara, kados pangrêngênging kidungipun tiyang kasmaran.

--- 200 ---

Pêpêtoking ayam ingkang suwênèh wontên ing pêragak, kados pêsambating èstri tinunggil tilêm. Mêrak mungêl. Kombang angisêpi sêkursêkar. wontên ing sawêrninipun panggenan sêkar. Manggih panggenan sêkar wau, inggih punika pêtamanan.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan kêrsa mitulungi kula, amurih enggal kula sagêd têmbung Kawi.

Widayaka: Kula sumôngga kemawon. Ananging sarèhning sampeyan sampun mundhut wulang dhatêng Radèn Ngabèi Gunawan, sumêlang kula, mênawi andadosakên manahipun.

Tuwan Anu: Kados botên. Malah kalanipun kula taros mulang dhatêng kula, adêrbe pêmriyogi, kula kapurih mêndhêta guru sêtunggil êngkas. Awit Radèn Ngabèi Gunawan botên têrtêmtu sabên dintên dhangan, sagêd dhatêng ing griya kula.

Widayaka: Sukur mênawi mêkatên.

Tuwan Anu: Punapa sampeyan dèrèng têpang sae akalihan Radèn Ngabèi Gunawan.

Widayaka: Sampun têpang sae alit mila, sêrta punika akalihan kula kêprênah sêdhèrèk nak-sanak. Nanging awunipun sêpuh kula.

Tuwan Anu: Kula sawêg sumêrêp sapunika, mênawi sampeyan kaprênah sêdhèrèk <382> nak-sanak kalihan Radèn Ngabèi Gunawan.

Widayaka: Inggih. Sarèhning sampun dalu, kula mugi sampeyan lilani mundur, benjing -enjing kula sowan mriki malih.

Tuwan Anu: Inggih, kula bingah sangêt, mênawi sampeyan kêrêp pinarak dhatêng griya kula.

Widayaka: Mênawi sampeyan kêrsakakên, sabên dintên kula sagêd sowan mriki, aliya saking dintên Isnèn akalihan Kêmis, utawi kêpambêngan ing sukêr sakit.

Tuwan Anu: Sakêlangkung andadosakên suka bingahing manah kula, sampeyan sagêd pinarak mriki sabên dintên.

Widayaka: Inggih.