Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Basa, Padmasusastra, 1925, #165

Katalog:Kawruh Basa, Padmasusastra, 1925, #165
Sambung:-

Kawruh Basa

Karanganipun Mas Ngabèi Prajapustaka Ing Surakarta (1925)

Cap-capan kaping I. Kaêcap lan kawêdalakên ing kantor pangêcapan N. V. Mardimulya Ing Ngayogyakarta.

--- 2 ---

Kawruh Basa

Karanganipun Mas Ngabèi Prajapustaka Ing Surakarta (1925)

Cap-capan kaping I. Kaêcap lan kawêdalakên ing kantor pangêcapan N. V. Mardimulya Ing Ngayogyakarta.

--- 3 ---

Kawruh Basa

Basa Jawa iku bakune mung ana têlung warna, ngoko, krama lan madya, banjur pêncar dadi pirang-pirang warna, saka pamore têmbunge dhewe-dhewe, pratelane kaya ing ngisor iki:

N. 1. Ngoko

a. Ngoko lugu (Jawadipa)

Aku, kowe.

Basa ngoko kang ora kawoworan tembung liya-liyane, kaya ta: kowe apa arep mangan iwak wêdhus.

b. Ngoko antyabasa

Aku, sariramu.

Basa ngoko kanthi K. I. kaya ta: Sariramu apa karsa dhahar iwak wêdhus.

c. Ngoko Basaantya

Aku, panjênênganmu.

Basa ngoko kanthi K. I. lan K. kaya ta: Panjênênganmu apa karsa dhahar ulam menda.

--- 4 ---

Ringkêsan

kowe / apa / arêp mangan / iwak wêdhus.

sariramu / apa / karsa dhahar / iwak wêdhus.

panjênênganmu / apa / karsa dhahar / ulam menda.

K. 2. Krama

a. Krama lugu, mudha krama,

Kula, panjênêngan sampeyan.

Basa krama kang alus dhewe, mung kanthi têmbung K. lan K. I. kaya ta: Panjênêngan sampeyan punapa karsa dhahar ulam menda.

b. Wrêdha krama,

Kula, pun anak, kanthi têmbung Tri. W. lan atêr-atêr tuwin panambang N. kaya ta: pun anak punapa ajêng nêdha ulam menda, disate raose eca, pun Monah sagêd ambakarake.

c. Kramantara

Kula, kêng sarira.

Iku mèh padha bae karo wrêdha krama mung kacèk isih nganggo atêr-atêr lan panambang K. kaya ta:

--- 5 ---

Kang sarira punapa ajêng nêdha ulam menda, dipun sate raosipun eca, pun Monah sagêd ambakarakên.

Ringkêsan

pa: sampeyan / punapa / karsa dhahar / ulam menda / dipun sate.

pun anak / punapa / ajêng nêdha / ulam menda / disate.

kêng sarira / punapa / ajêng nêdha / ulam menda / dipun sate.

Md. 3 Madya

a. Madya ngoko: dika.

Basa madya mung kanthi têmbung N. ora kêna kawoworan têmbung K. kaya ta: Dika napa arêp mangan iwak wêdhus.

b. Madya krama: samang.

Basa madya kanthi têmbung K. kosokbaline ing dhuwur, ora kêna kawoworan têmbung N. kaya ta: Samang napa ajêng nêdha ulam menda.

c. Madyantara: sampeyan.

Basa madya kanthi K. I. kang akèh clathune wong wadon marang wong lanang bojone, kaya ta: Sampeyan napa kêrsa dhahar ulam menda dipun sate raose [ra...]

--- 6 ---

[...ose] eca, mangke kula bakarake.

Ringkêsan

dika / napa / arêp mangan iwak wêdhus.

samang / napa / ajêng nêdha / ulam menda.

sampeyan / napa / karsa dhahar / ulam menda.

Aku, kowe,

kula, sampeyan,

kami (kula), kamu (kowe), Kw.

Pathokane gawe têmbung madya,

a. Mêsthi nganggo basa madya (êngga enz.) mênawa nganti kêliru tinulis: sumôngga, bubrah, ora aran madya lan ora aran krama.

b. Mêsthi nganggo atêr-atêr lan panambang N. di, e, ake, ne.

c. Mêsthi mancah têmbung: kang kêna, napa, ora kêna tinulis: punapa.

B.K. 4. Basa Kadhaton

Mung kanggo pangandikaning ratu ing dina gêdhe sarta kang kamot ing nawala dalêm.

--- 7 ---

a. Nganggo basa kadhaton, ingsun, sira.

b. Nganggo K.I. tumrap ing 1ste pers kaya ta:

Kang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira, Adipati Sasradiningrat.

Kapindhone abarêng iki ingsun maringake layange bapa tuwan residhèn, katitimangsan ping: ... kang iku adipati, ingsun mundhut atur panimbangira kang mupakat lan kancanira bocah bupati jaba jêro. Zie No. 25. (sumiwi).

Dhawuhing timbalan dalêm ing dintên ... wulawulan. ... taun ... angkaning warsa.

B. L. 5 Basa Luhur,

Nganggo basa: manira, pakênira, iku dadi sariraning nagara kang ngasta parentah, kaya ta:

Pèngêt, layang manira parentah, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, dhawuha marang pakênira Radèn Mas Harya Jayadiningrat, bupati bêkêl kaparak kiwa.

Liring parentah manira anampani dhawuh timbalan [timbala...]

--- 8 ---

[...n] dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, aparing sumurup besuk sajrone sasi bêsar taun anu iki, karsa mikramakake putra putri dalêm patang rakit.

Kang iku pakênira lan para kanca pakênira panèwu mantri saanon-anone sajêro padha kadhawuhan miranti kaya adat.

Dhawuhing parentah ...

K. D. 6. Krama Desa

Iku basane krama wong desa nunggal lan basa madya, yèn dianggo ing wong nagara: cacad, ingaran ora mangêrti marang basa, kaya ta:

Kula ênggih gadhah kèpèl tundhan, nanging kangge mêthuk kirang sêmbados.

K. P. 7 Krama Pasisir

Iku basane wong pasisir, yèn tinunggalake lan basane wong Surakarta, wong Surakarta nganggêp dadi panunggalane. K. D. Ingaran cacad, kaya ta:

Sintên ingkang wantun dhatêng ing Juwani: tanpi pas = sintên ingkang purun dhatêng ing Juwana tanpa pas.

--- 9 ---

K. I. 8 Krama Inggil

Nunggal ing basa tri warna (mangan, nêdha, dhahar) lan nunggal basa K. N. kang ana K. I.-e, (tangan, asta) mungguh basa K. I. mau ora bisa tumrap ing 1ste pers. Kaya basa kadhaton, sarta basa luhur, (ingsun, sira, manira, pakênira) Mung bisa tumrap ing 2de pers utawa 3 de pers marang wong kang kêna diurmati, kaya ta:

Panjênêngan sampeyan punapa karsa dhahar ulam maenda.

Dara mênggung ora karsa dhahar iwak wêdhus.

Astane dara mênggung kêna ing gêni.

K. N. 9 Krama Ngoko,

Krama ngoko iku bisa tumrap ing basa N. utawa K. kaya ta:

Langite pêtêng apa padhang.

Langitipun pêtêng punapa padhang.

D. W of T. W. 10 (dwi of tri)warna

Kang aran basa dwiwarna, basa loro K. N. lan

--- 10 ---

K. I. triwarna basa warna têlu N. K. lan K. I. kaya ta:

tangan K. N. asta K. I. Zie 8.

mangan N. nêdha K. dhahar K. I. Zie 8.

Bs.Bs. 11. Basa

Basa iku uni kang anduwèni têgês, dudu unining manuk, utawa gamêlan, kaya ta:

a. wod, uni sakêcap kang anduwèni têgês, kaya ta: wis, pèk, yèn, lan.

b. lingga, uni rong kêcap utawa têlung kêcap kang anduwèni têgês siji, kaya ta: nistha, madya, utama.

c. dwilingga, uni rong kêcap ping pindho padha bae atêgês siji, kaya ta: ali-ali.

d. camboran, uni patang kêcap beda-beda kêcape atêgês siji, kaya ta: salatara.

e. camboran tugêl, uni rong kêcap atêgês loro, [lo...]

--- 11 ---

[...ro,] kaya ta: kakkong-- tungkak lan bokong.

S. L. 12 Saloka

Têmbung aran, olèh tanduk, utawa olèh têmbung kriya, têgêse: upama, kaya ta: gajah ngidak rapah, kêbo nusu gudèl.

kutuk / api (= ethok-ethok) / lamur

trênggiling / api (= ethok-ethok) / pati

bidho / api (= ethok-ethok) / rowang

P. B. 13 Paribasan

Rimbag tanduk, olèh têmbung aran, têgêse: kaya, kaya ta:

Anggajah êlar (kaya gajah nganggo êlar)

Anggêgêr sapi (kaya gêgêring sapi)

Ngêbo pêlèn (kaya kêbo lanang)

--- 12 ---

Tjond. 14 Côndra

Côndra iku dudu saloka dudu paribasan.

Pêpindhaning warna, rimbage padha karo paribasan, kaya ta:

Asta anggandewa gadhing,

Alis ngroning imba (godhong imba kados alis)

Pangarasan andurèn sajuring

Lathi manggis karêngat

Silihan 15 Silihan

Aran, olèh kaanan, utawa kaanan, olèh aran, kaya ta: Watu atos, bata êmpuk, gamping mawur, utawa tamparane matêng (kêkêr), rêmbuge mêntah (wurung) tapane matêng (gêntur), kira-kirane matêng (nyamlêng), dene manggoning matêng ana ing woh-wohan lan olah-olahan.

Sanep. 16 Sanepa

Kagawe saka têmbung kaanan, olèh sambungan têmbung aran, kaya ta:

--- 13 ---

Kumêpyur pulut, pulut isih kasor plikête karo pangantèn anyar,

Abang dluwang, dluwang isih kalah putih karo ulate wong kang dèn arani.

R. B. 17 Rurabasa. uitdrukking

Têmbung rusak ora kêna dibênêrake, nanging wis kêlumrah kanggone, kaya ta:

Anggodhog wedang, ... botên-banyu

Adang sêga, ... botên bêras

P. K. 18 Purwakanthi

Purwakanthi iku pangrakiting têmbung kang tinunggalake karo guru lagune basa sigêg, padha sigêge, sandhangan, padha sandhangane, mungguhe mung tumrap ana ing kidung, yèn ana ing gancaran, ora mungguh, kaya ta:

Pinot pinèt pênêtipun Dj. I..

Wêdi wêdi apa kang dadi wadimu H. S.

Wangs. 19 Wangsalan

Wangsalan iku muni dhewe, ngupamani apa-apa kang mencok karo karêpe banjur dipêthèk dhewe,

--- 14 ---

kaya ta: Jati mudha rewanda wulune krêsna, dhêlog-dhêlog anjêtung sarwi tumênga, olèh dening dholog karo lutung.

G. B. 20 Gandhènging Basa

Sênèn Kêmis, uyah trasi.

S. R. 21 Saroja

Adatsabên, kalamôngsa.

Tjangk. 22. Cangkriman

Muni wancahan apa-apa dikon mêthèk têgêse, kaya ta: pakboletus: apa?

Kang bisa mêthèk: tapak kêbo bule: satus = 4 x 25 = 100.

Parik. 23. Parikan

Muni dhewe karo ambanting kêrtune kang diparikake: wudun bumi: gunung.

Dong. 24. Dongèng

Muni dhewe nyaritakake lêlakone Radèn Putra ing Jênggala, pisah lan ingkang garwa Dèwi Sêkartaji, (Côndrakirana).

--- 15 ---

Sumiwi

Basa Kadhaton

25. Patih

Dhatêng bupati nayaka jawi lêbêt.

Kula ijêngandika, kônca wadana.

Punapi

Sintên kônca ijêngandika ingkang anggantung lampah sadranan ing wulan Ruwah puniki.

Ênggèh: saking petang kula: jawi dhawah wontên Radèn Tumênggung ... lêbêt dhawah Radèn Mas Arya ...

26. Wadana panêgar gamêl sarta gajah mati

Kala dintên Rêbo, titihan dalêm kuda boya ditêgari nuju tingalan dalêm pawukon, dintên Sêtu puniki sintên kônca ingkang badhe mêdal anêgari.

Ênggèh kônca kêkalih, Ngabèi Talimurda, Ngabèi Talimônca.

Ijêngandika dhawuhi Ngabèi Talimurda anêgari,- [anêgar...]

--- 16 ---

[...i,-] Kyai Simbarintên, Ngabèi Kalimonce anêgari Kyai Madusêti bêsaos.

Ênggèh sandika.

Ênggèh wêwatoning apatrap.

a. kônca gamêl

b. kônca juru pangarung

c. kônca gajahmati

Mênawi anampèni dhawuh pangandika dalêm, anyaraki miwah gamêl juru pangarung aju unduring titihan mawi lêlagon salindhitan, têgêsipun: ngigêl kaping 3, sabên saukêlan pacak gulu, mingêr nolih lambening titihan, mênawi anampèni dhawuh dalêm, unjuk wangsulanipun: sayu (sarêng) kasaur timbun (sungsun tiga) makatên.

Nuwun, nuwun, nuwun sandika. Lajêng mandhapan mêrak ngigêl lagu salindhitan, mênawi lumajêng wontên ing ngarsa dalêm, nututi plajênging kapal, kêdah anjarunthul, punika winastan bêbayakan.

27. Wadana anggandhèk

Dhatêng panêkaripun.

--- 17 ---

Kônca gandhèk, kalawau dalu: sintên ingkang andêdêgi nganglang sardula sumitra dalêm.

Ênggèh, kala tabêh sanga, Ngabèi Dutatikara.

28. Wadana Srati

Dhatêng kalerehanipun.

Kônca srati, dhawuh dalêm benjang garêbêg Mulud ngajêng puniki, rowang dalêm dirada Kyai Erawana, ingandikakakên mêtoni maring wantilan ngalun-alun êlèr.

29. Wadana niyaga

Wêwatoning apatrap

Abdi dalêm niyaga mênawi anampèni dhawuh dalêm sasmita ungêling gamêlan, kêdah saur santak, têgêsipun swara sora angagètakên, ingkang nampèni dhawuh dalêm sasmita wau abdi dalêm kalonthangan (badhut) mênawi dhawuh sasmita mundhut ungêling gêndhingan, ingkang nampèni abdi dalêm grêntêng, (juru pangrêbab) uluk-uluk sauran mungêl sapisan sadèrènging buka, kênong mungêl rumiyin.

30. Panuksma, wêwatoning apatrap

Abdi dalêm juru panuksma, (têlik sandi upaya).

--- 18 ---

Mênawi anampèni dhawuh dalêm namung ngadêg capêng, lèngsèr tanpa unjuk sandika.

31. Wadana Kalang, Gowong, Narawrêksa, dhatêng kalerehanipun kônca kalang

Kônca kalang, sintên ingkang sagêd angukir kajêng kaistha pêksi mabur.

Ênggèh, bilih kônca kalang boya wèntên ingkang sagêd, kasagêdanipun natah, masah balungan griya, dalah sapanyathokipun bêsaos.

Punapi kônca gowong wontên ingkang sagêd.

Kônca gowong ugi boya wèntên ingkang sagêd, kasagêdanipun anggêbing kajêng ingkang badhe kadamêl balungan griya, dalah panyigar lan panggrajinipun.

Lah punapi kônca narawrêksa ingkang sagêd.

Ênggèh boya, kônca narawrêksa kasagêdanipun namung paham dhatêng kajêng-kajêng ing wana, mêmilih ingkang sae-sae sarta lajêng dipun têrêsi, puniku ingkang kaladosakên badhe kagêm ing karaton, dene ingkang sagêd angukir kajêng inggih abdi dalêm undhagi pangukir.

--- 19 ---

Persoonlijk

32.

Ingsun, sira, ... B. K. = basa kadhaton

manira, pakênira, ... B. L. = basa luhur

aku, kowe, ... N. = ngoko

kawula, sampeyan dalêm, ... B. K. = basa kadhaton

kula, panjênêngan dalêm ... B. L. = basa luhur

kula, sampeyan, ... K. = krama

kula, dika, ... Md. = madya

kula, ijêngandika ... B. K. = basa kadhaton

voor Sumiwi,

robaya, pantèn ... B. S. = basa sumiwi

patih, voor pujôngga lan pangulu

[Grafik]