Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Kamanungsan, Wirapustaka, c. 1900, #252

Katalog:Kawruh Kamanungsan, Wirapustaka, c. 1900, #252
Sambung:-

Kawruh Kamanungsan

--- [0] ---

Têmbung: kamanungsan, têgêsipun: kawiyak wadosipun, inggih punika ciri-cirining manungsa awon sae katitik saking kawontênanipun raga, limrahipun winastan: Iman Sapingi. Ing Sêrat Kamanungsan botên namung tandhaning awon sae kemawon, candraning warni inggih kalêbêt, dene ingkang langkung pêrlu nyumêrêpakên dumukaning nama ingkang samar-samar, kados ta: walikat, bedanipun kalihan singkab, kèlèk: bedanipun kalihan cangklakan, makatên sapiturutipun. Punika têtiyang Jawi sampun sumêrêp namanipun satunggal-tunggal, nanging dumukanipun ingkang dipun wastani wau dèrèng mêsthi sumêrêp ingkang pratitis, mênggaha kawruh kapal nama: katuranggan, punika pêthèk nyumêrêpakên awon-saening kapal, katitik saking unyêng-unyêngan tuwin sanès-sanèsipun, mila unyêng-unyênganing kapal sadaya mawi nama piyambak-piyambak.

Kawruh kamanungsan punika pratitisipun dèrèng mêsthi, awit punika kawruh padhukunan (dhoktêr), nanging dumukaning nama, awon sae, punapa malih pamilih ingkang cocog kalihan [kali...]

--- [0] ---

[...han] pancêring manah sampun wontên sadaya, lowung kangge tambêl bêtah sadèrèngipun wontên kawruh kamanungsan ingkang sampurna.

Ngabèi Wirapustaka.

--- [0] ---

Verkortingen

B. T. J - beteekent - Babad Tanah Jawi | A. B. - beteekent - Antya Basa | A. S. - beteekent - Arjuna Sasra | J. Z. I en II - beteekent - Javaansche Zamenspraken van Winter (Uitgave 1848) | K. - beteekent - Krama | Kd. - beteekent - Kadhaton | Ks - beteekent - Kasar | K. I. - beteekent - Krama Inggil | K. N. - beteekent - Krama Ngoko | Kanc. - beteekent - Kancil | Mal. - beteekent - Malayu | Md. - beteekent - Madya | N. - beteekent - Ngoko | of - beteekent - utawi | Onc. - beteekent - Oncèn-oncèn | P. I en II - beteekent - Pakêm I sarta II | P. L. I en II - beteekent - Pakêm lakon I sarta II | T. S. - beteekent - Tajusalatin | Cêmp: I en II - beteekent - Cêmporèt I sarta II | Verk. v. - beteekent - Ringkêsan saking.

--- 1 ---

Untu K. N. waja K. I.

Ngwaja | Nglathi }K. I. = anggigit of mamah K N.

Waja panggorengan ~ waja kêjèn enz } KN.

Untu walang KN (sulaman pinggir èpèk cringih-cringih,

Untu ôndha KN (= pancadan)

Aran sarta kèhe untune manungsa. kêsik 4, siyung 2, bam 8, bam wêkas 2, gunggung 16, untu ngisor 16, gunggung 32 K.T. 24 art 47-7

Tjondro

Waja lir sotya rinipta rêntêt runtut adhamis. | Wangun lir tètèsing toya. | Waja nglaring kombang, mêngês arêntêt. | Waja amiji timun. Tjemp. | Waja kados mirah sinundukan. B.T.D. 465-1,

Iman Sapingi

Untu arang-arang cilik-cilik, anggung duwe kaniyatan [kani...]

--- 2 ---

[...yatan] ala. | Untu arang-arang gêdhe-gêdhe lan dawa-dawa, dhêmên laku pitênah. | Untu sêdhêngan tur warata, bèr ngakal tur ngakal bênêr.

Êndhas KN. sirah K. mastaka KI.

Kanggone ing basa alus têmbunge N. binedakake, kaya ta: | {Êndhas maling ~ êndhas kere ~ êndhas kêbo} N. dadi êndhas maling lan êndhas kere padha karo êndhas kêbo, nanging sirahe anakmu sumlêngêt, ora: êndhase anakmu sumlêngêt. | {Êndhas trasi J.Z. II. 155 (43) ~ êndhas-êndhasan uwi ~ tawon êndhas} K. N. | {Sirahing amal of arta ~ sirahing kali ~ sêsirah (dhuwit manjêr) } K. N. | Mustaka masjid gêdhe K. I. | Êndhas iku wangune ana kang beda sarta ana arane dhewe-dhewe, kaya ta: maesan (gèpèng), bundêr, lonjong, anggandhèn [ang...]

--- 3 ---

[...gandhèn] lan ambêndhul.

Iman Sapingi

Êndhas gêdhe: elingan. | Êndhas cilik, lalèn, budine cêkak, ora micara.

Andhêng

Andhêng-andhêng K N. plênik irêng ing kulit, wong ing Batawi ngarani: tai lalêr.

Unyêng

Unyêng-unyêngan K. N. undêr-undêran thukuling rambut ing sirah (ora ing êndhas) siji ing têngah utawa loro jèjèr, yèn ana ngarêp aran pusak, sêrêpan golèk iwak.

Irung K N. Grana K. I.

Irung iku beda-beda rupane sarta ana arane dhewe-dhewe, kaya ta: ambangir, nyunthi, nyanthuk, nyêprok lan pèsèk.

Tjondro

Grana rungih pindha kancana pinatar Tjemp II 69-73.

Iman Sapingi

Irung anjêbèr ing pucuk, dhêmên anggadêbus, tur palinyokan.

Irung ambangir dawa, watêke ambalasar, kagêdhèn budi.

--- 4 ---

Irung kandêl ing antaraning bolongan, tôndha juwèh.

Irung sêdhêngan, bêcik sabarang karya.

Irung gêdhe kapisor (= kapangisorên) tôndha karêm sahwat.

Irung bolongane jêmbar, tôndha atine drêngki kêna ing bêbêndu.

Ikut KN.

Pucuke kawirangane wong lanang akire bakal binêlèk aran: têtak.

Kinêthok aran timpal.

Idu KN. kêcoh KI.

Banyu kênthêl saka ing cangkêm.

Idu gêni (kanggêp ature marang parentah).

Idêp K N.

Paku idêp (cilik).

Ati

Ati (daging) K N. kaya ta: kula sampeyan tumbasakên ulam ati, ora: ulam manah.

Ati (pikir) N. manah K. galih K I.

{Pulung ati ~ mêrak ati ~ pêlêm matêng ati} K N.

--- 5 ---

Desa Manahan K N.

{Galihing kangkung ~ galih asêm} K N.

Utak K N. utêk Ks.

Isining sirah.

Otot K N.

Otot kawat, balung wêsi, sungsum gêgala.

Itil K N. kalêntik K. I.

Kawirangane wong wadon, yèn bocah wis umur 8-10 taun, disunati, pucuke sing kaya cènggèring pitik diiris.

Itil kangkung dawa katon saka ing jaba.

Dikalêntik KN (diapusi).

Lênga klêntik KN (krambil).

Usus K. N.

Mung ususing kêbo sapi aran iso, kaya ta: iso kisi, iso sêrêgan, iso lamak ati, iso pang, iso bunton, iso bol, iso bêngkuk,

--- 6 ---

iso thithèt.

Kalung usus (manganggo sarwa patut).

Usus-usus kathok (tali).

Asêman

Sêlaning dariji lima aran asêman. | Dadi asêman (dadi tiban paraning nêpsu).

Awak N. badan K. sarira K. I.

Awaking prau (wong nglakokake prau). | Awak-awak (nêlês awak, ora adus). | Kula ingkang dados awak-awak angêmbani prakawis (sêsulih). | Awak-awakan (pèi) kabèh K. N. | Badane kêgêdhèn (kulambi). K. N. | Salira (manyawak) K. N. | Sarira dalêm gêrah K. I. | Kang sarira Md | Sariramu H. B.

Tjondro

Sarira lurus sarwasri. | Sarira jênar ambênglè keris P. lakon I 154-9 v.o. | Kuning wênês amardapa Tjemp.

Iman Sapingi

Awak irêng manis sêmu wungu wani ing kakung |

--- 7 ---

Awak kuning, bêcik atine. | Awak kuning sêmu putih, ora doyan gawe. | Bambang awak, musthikaning wadon.

Kahananing warna

Irêng (Ngarab)

putih (Lônda Cina).

{Abang ~ bambang awak ~ kuning} (Jawa).

Ula

Ula-ula K.N. balung agêgêrêtan satêngahing gêgêr.

Ilêr K.N.

Kapengin nganti ngilêr.

Ilat K. N. lidhah K. I.

Iwak lidhah K. N.

Ulat K. N.

Ulat rêgu, suntrut, sumèh, manis.

Iman Sapingi

Ulat mêsum wani marang wong lanang.

Alis K. N. imba K. I.

Tjondro

Anjait sinambungan bayu wilis. | Alise nanggal sapisan B. T. D. 465-1. |

--- 8 ---

Angroning imba. | Alis mêlês ngalela.

Iman Sapingi

Alis kapidhuwur (= kadhuwurên) tôndha gêdhe budine, gumunggung, lumuh kongkulan. | Alis têpung, tôndha bêncana, muthakil, dhêmên olèh lumuh kelangan, ora dhêngêr ing bêcik. | Alis sêdhêngan, lêpas budine sarta sampurna kawruhe. | Alis luntur? kêbluk, doyan mangan, anggadêbus. | Alis lêmbut, tôndha rahayu budine, akèh kang asih, ora nyênyêngit.

Èpèk

Èpèk-èpèk K. N. lumahing tangan, ana rajahe, bôngsa Ngarab bisa mêthèk bêgja cilakane kang bakal tinêmu, kuciwane nganggo anjaluk opah dhuwit.

Upil K. N.

Umbêl garing tumèmplèk sajroning irung.

Uyuh K. N. Turas K.I.

Wêtuning banyu kang diombe wis dadi pêsing ambune.

--- 9 ---

Êmbun

Êmbun-êmbunan K.N. suhunan K.I.

Kang kumêdut ing sirah sadhuwuring bathuk.

Ambêkan K.N.

Angin kang mêtu saka ing irung.

Umbêl K.N. gadhing K.I.

Rêgêding irung isih têlês.

Iga K.N.

Jèntrèkaning balung dhadha lan gêgêr. | Iga wêkas K.N. ora: iga wêling, pungkasan iga ngisor cilik dhewe. | Iga-iga (pring sigaran pikuwating gêdhèg).

Ugêl

Ugêl-ugêl K. N. athik-athikaning lêngên ngisor lan èpèk-èpèk.

Abab K.N.

Angin kang mêtu saka ing cangkêm.

Athi

Athi-athi K.N. rambut alus sadhuwuring kuping.

Tjondro

Athi-athi ngudhup turi of mênur.

Ênggok

Ênggok-ênggokan K.N. lêkokan gulu ngisor antaraning balung salang kiwa têngên.

Cahya K.N.

--- 10 ---

Kêkuwunging rai.

Tjondro

Cahya andiwangkara.

Cenol K.N.

Linciping bokong.

Cucuk K.N.

Têngahing lambe dhuwur kang katon lincip.

Curak K.N.

Rêgêding kuping.

Cêthak K N.

Daging sajroning cangkêm ing dhuwur, yèn katèmplèk ilat krasa kêri, nanging nyêthak, têgêse: pait bangêt, utawa asin bangêt.

Cêthik K.N.

Balung pok sikil dhuwur kang katon mandhikil.

Cêthik bolong K.N.

Lêkokan sangisoring cêthik, nanging: cêthik gêni, têgêse: dadèk gêni.

Tjondro

Cêthik anyupit urang.

Cèngèk K. N.

Lêkokan antaraning cêngêl lan kuping.

--- 11 ---

Cangklak

Cangklakan K N. otot gêdhe sakiwa têngêning kèlèk ing jaba, nanging nyangklak (rasane of kalah dhuwur).

Cingklok K.N.

Têkukaning sikil kang jêro.

Cangkêm K. N. tutuk K. I.

Ora ana dumukane dadi mung bêdhahane bae, cangkêm bisa kanggo ing basa Ks. kaya ta: cangkême urab-uraban, yèn arêp ngarani cangkêm liniru lambe, kaya ta: lambemu ana upane, karêping têmbung: cangkêmu o

{tutuk yèn carita (turut) ~ tutuk nyênyêngit (sêmu) } K. N.

Iman Sapingi

Cangkêm ômba: watêke kêndêl. | Cangkêm ciyut: watêke jirih. | Cangkêm sêdhêngan: matêng duga prayogane.

Cêngêl K.N. griwa K I. van Kw.

Lêkokan gulu ing buri kang kathukulan rambut lêmbut ingaran: buntut urang. Cêngêl bisa kanggo ing basa Ks. kaya ta:

--- 12 ---

dipênthung alu cêngêle.

Rai K N. pasuryan K.I. wadana Kw.

Ora ana dumukane, mung wangune bae: ana, bundêr, lonjong, utawa kêpu. | Raining layang (daluwang kang ora milu tinulis) | Praeyan (wanguning rai). | Rai gêdhèg enz (ora idhêp isin) | Pasangane oleh sarai of wadana (bata) | Wadana parentah pêpatih ing kapatihan (pangarêp)

Tjondro

Wadana apindha wulan. B.T.D. 464-2 v. o. | Wadananipun abrit dadoskados. rah B.T.D. 426-8 v. o. | Wadananipun katlorong soroting raditya ing wanci jam 5 sontên, gumêbyar kados purnama andhadhari B.T.D. 465-3 v. o.

Riyak K N. Jlagra K. I.

Rêrêgêding wêtêng kang mêtu barêng lan idu.

Rêmpêla K.N. (jêroan)

Ana isine banyu ijo rasane pait, gawene ngêcrut panganan kang lagi kolu, dadi gêlis rusak gampang ajure. | Aku ora ngrêmpêlu (ngimpi)

--- 13 ---

Rêmpêlumu ana ngêndi Ks. (= ati).

Rambut K.N. rema K I.

Rambut ora kêna ingaran wulu. | Wulu ora kêna ingaran rambut. | Rambut mung thukul ana ing sirah, wulu kang thukul ing awak kabèh, sanadyan godhèg wok simbar dhadha iya aran wulu, tur padha karo rambut. | Warnaning rambut irêng, abang, kuning, putih, nanging putih ingaran uwan. | Ananing rambut kaku, lêmês, lurus, ngandhan-andhan, brintik, walik. | Sarambut pinara pitu aku ora nyana yèn Si Bêdhagas saiki sugih. | Rambutan (woh). | Rambut gêni (buta). | Marambut (kulit pari). | Kêmrambut (nitis gulang).

Tjondro

Rema mêmak ngendrawila wilis. Tjemp II 69-73 | Rema mêmak pindha sêkar bakung. | Rema mêmak masmu wilis. | Rema mêmak kêtêl cêmêng. B. T. D. 465-2. | Rambut angandhan-andhan pindha kêmbang bakung.

--- 14 ---

Iman sapingi

Rambut irêng, watêk bèrbudi tur raharja, wani marang pakewuh, tanggon sabarang kalir, ênya dhadha êndi dhadha, adoh marang panggawe culika, angandhêmi ujar kang wis kawêtu. | Rambut irêng atab, sarwa luwih sabarang paripolahe. | Rambut abang, laknatullah, kasurupan iblis. | Rambut kuning, tôndha budine kurang, brangasan, kaduk lêngus. | Rambut lêmês, tôndha cêkak budine. | Rambut ngêmbang bakung, mantêp kêtêp barang karya, rahayu tuhu ing janji.

Rongkong K.N.

Sêlane iga buri.

Konthol K. N. palandhungan K. I.

Isine aran pringsilan. | Thole verk. v. konthole, pêli gêdhe konthol kandhung (ngudang anak).

Kêcèt K. N.

Otot gêdhe sadhuwuring tungkak.

Kringêt K. N. riwe K. I.

--- 15 ---

Banyuning awak mêtu saka rêrênggangan tancêbing wulu. | Kringêt buntêt (pating printis). | Tak rewangi kringêtên gêtih (kangelan). | Kêmringêt (sêga isih panas ditutupi).

Kuku K. N. kênaka K. I.

Balung urip pucuking dariji tangan lan sikil. | Kuku irêng, pucuk kuku kang katon irêng-irênge dening rêgêd.

Tjondro

Kênaka lir mas kentir. | Kênaka kadi mas luru. | Kênaka andala pawohan.

Kêdut K. N.

Daging obah, ana wahanane ala bêcik.

Kêtêg K. N.

Kang obah ing dhadha kiwa.

Kawêt K. N.

Otot gêdhe diapit ing supit sambung karo tandhaning lanang utawa wadon.

Klècêman K. N.

Wironing silit.

Kèlèk K. N.

Lêkokan tancêbing pok tangan dhuwur ing jêro, yèn [yè...]

--- 16 ---

[...n] dinumuk kêri.

Kulit K. N.

Warnaning kulit: kasar, alus, pandhês, mêlês, kusi, bêsisik, bêngkêrok, mangkak.

Kulit ayam K N.

Rupane kaya klamudan salak, yèn bêsèr.bêsèt.

{Kulit ayam K. ~ kulit pitik N.} mungguhing pitik.

Kalamênjing K. N.

Balung mrêkêl ing gulu, mungguhing wong lanang.

Kuping K. N. talingan K. I. karna Kw.

Kabèh aran kuping, mung kang ngisor aran godhoh. | Mlayu sipat kuping (rikat).

Tjondro

Karna lir simbar rumêmbun. | Karna andala pawohan.

Iman sapingi

Kuping ômba, watêke bodho, nanging atine bêcik. | Kuping ciyut, watêke drêngki, gawe kaluputaning wong. | Kuping sêdhêngan, watêke bèrbudi bawa lêksana, sasolahe mêrak ati.

--- 17 ---

Kêmiri K. N.

Thengil ugêl-ugêl sikil kang jêro. | Kêmiri (sambêlan) | Kêmiri pidak (adon).

Kêmêl K. N.

Daginging pupu jêro kang dhuwur sacêdhaking lakang.

Tjondro

Kêmêl mêmêt araras Tjemp. 65-6.

Kempol K. N.

Sangisoring dhêngkul têkan sikil ngisor kang buri, dene kang ngarêp aran garês.

Kêmpung K. N.

Sakiwa têngêning wêtêng kang ngisor cêdhak lan cêthik, kang kiwatêngên. wadhah sêsukêr, kang kiwa wadhah uyuh.

Dariji K. N.

Dariji tangan 5, jêmpol, panuduh, panunggul, manis, jênthik,

Nanging dariji sikil lumrahe kang ana arane mung jêmpol lan jênthik.

--- 18 ---

Ngêmut driji (gêtun). | Tak tudinging driji (ngisin-isin). | Mêtu sêlaning driji (pawèh siliban).

Tjondro

Dariji mucuk ing ri. | Dariji mirib roning tilarsa.

Iman Sapingi

Dariji cêndhak, watêke muthakil. | Dariji dawa lurus, alus bêbudène, sugih wiweka, santosa tur dhêmên anoraga.

Dêdêg K N.

Êndhèk, dhuwur, pidêksa, dhepah, lêncir, lênjang, cebol, cebol kêpalang. | Sadêdêg sapangawe (ukuran mêndhêm jisim). | Andêdêgi (anjênêngi).

Tjondro

Dêdêg ngronje (verk.v. ron gênje) nawangrum. | Dêdêg pidêksa. | Dêdêg rêspati B. T. D. 465-2.

Iman Sapingi

Dêdêg cèndhèkcêndhèk. cilik ênggone musibat. | Dêdêg gêdhe dhuwur (= dhuwur sêmbada) kaserenan kaprawiran [ka...]

--- 19 ---

[...prawiran] lan kawicaksanan, budi rahayu. | Dêdêg pidêksa, watêke bèrbudi bawa lêsana.lêksana. | Dêdêg wungkuk utawa sangkuk, ênggoning musibat.

Dalamakan K. N.

Sikil ngisor kang ana kapale. | Nyungkêmi dalamakan.

Tjondro

Dalamakan amisang mas. | Dalamakan pindha sangsangan.

Toh K N.

Warna biru ing daging, nanging toh of totohan (dhuwit). | Patohan (pêngpêngan). | Botoh (wong)

Tai N. tinja K.

Ampasing barang kang pinangan.

Tuntut K. N. (jêroan).

Rupane iya kaya tuntut (woh).

Turuk K. N. pawadonan N. pawèstrèn K.

{Turuk mênthul ~ turuk bawuk} (ngudang anak) wong Jawa muni mangkono ora wigih.

Trijilan K. N.

--- 20 ---

Poking mripat kang mênthil abang, panggonan kênthêlan luh (blobok), iku diarani trijilan. Ing layang Iman Sapingi yèn trijilan iku konus katon kêtara gêrêt-gêrêt, watêke ala dhêndhêmên. mitênah wong.

Talapakan K. N.

Kurêbing sikil of tapaking sikil.

Talapukan K. N.

Sangisor lan sadhuwuring mata, yèn talapukane kandêl, matane katon suthup.

Têpak K. N.

Poking bahu tangan ing gêgêr, rupane kaya têpak walang, mulane aran têpak.

Tangan K. N. asta K. I.

Ora ana dumukane, kabèh aran tangan.

Tjondro

Tangan anggandhewa gadhing.

Iman sapingi

Tangan cêndhak, watêke muthakil. | Tangan dawa lurus, watêke alus bêbudène, kukuh atine tur gêlêm anoraga.

Tungkak K. N.

Bongkoting dalamakan

--- 21 ---

Mangan lompong nungkak (pèi).

Tênggok K. N.

Sadhuwuring kalamênjing. | Tênggokmu apa? kenèk (pèi).

Sinom K. N.

Rambut cêndhak thukul ing ngarêpan, alus amaruwun. | Sinom (godhong asêm nom). | Sinom (têmbang macapat). | Sinoman (wong paladèn).

Tjondro

Sinome angron sumêmi.

Sêntil K. N.

Daging cêndhak sajroning cangkêm. | Sêntile rusak (bêdhil).

Sikut K. N. pasikon K. I.

Têkukaning tangan ing jaba kang lancip, têkukan jêro durung kasumurupan arane. | Pasikon (wêdhung).

Sikil N. suku K. sampeyan K. I.

Sikiling langit K. N.

Sukuning gunung.

Suku tunggal H. S. 9.15 v. o. K. N.

--- 22 ---

{Suku pangot (pênthung of mêndut) ~ suku van uku (= 5 ets) } K. I.

Sampeyan K. kowe N.

Tjondro

Sampeyan amuluh gadhing. | Suku lir wratsari.

Iman Sapingi

Sikil cêndhak, watêke muthakil. | Sikil dawa lurus, watêke alus bêbudène, sugih wiweka, kukuh atine tur gêlêm anoraga.

Susu K. N. prêmbayun K. I. payudara Kw.

Susu M = puhan. | Nusu (pratingkah). | Pasuson (bayi). | Kêsusu (rikat).

Tjondro

Prêmbayun ngênyu dênta. | Prêmbayun amuyuhamuluh. dênta mèh kengis dening kapidih: ing talundhaking candhela M. L.

Swara K. N.

Unining wong calathu.

Iman Sapingi

--- 23 ---

Swara kêmèng, watêke lumuhan wêdi ing bêbaya, lalèn sabarang karya. | Swara gêdhe, tôndha wani ing bêbaya nambak lara pati, elingan sabarang karya. | Swara sêdhêngan, ora dakdir lan ora têkabur.

Suluh

Suluhan K. N. poking mripat kang mêtu luhe, sasihesisihe. aran padon mripat. | Suluh (gêdhang matêng ing wit). | Suluh Kw (gêni). | Suluh rai (yèn didohi katon kuning, môngka kulitane irêng).

Silit K. N. klècêman K. I.

Silit kwali enz nanging silitan Ks. (= cumbana) K. I.

Silit kodhok K. N. thêngil pungkasaning balung ula-ula ing ngisor.

Jarene turun kalang silite kodhok dawa nganti kaya buntut cêndhak.

Salang K. N.

Balung malang sangisoring pundhak ngarêp. | Salang surup (kliru). | Ana bujang mikul salang (pikulan pring).

--- 24 ---

Supit K. N.

Sadhuwuring lakang cakêt | Wajik sasupit (rong tingkêm digandhèng dadi siji) | Supit K. I. (= têtak). | Supit urang (gêlaring prang). | Kêsupit ing mungsuh (kêpapan).

Simbar K. N.

Wulu kang thukul ing dhadha diupamakake simbaring kêkayon, dadi pralampita. | Godhèg wok simbar dhadha.

Sogok K. N.

Sogokan K. N. cithakan sadhuwuring bathuk malojok ora kêthukulan wulu. | Sogok (= kunci). | Sogok têlik o thunthêng (woh). | Sogok itil (iwak kali).

Tjondro

Sogokan anglunging pakis. | Sogokan mangima manda gêdhah angêndhanu raras.

Singkab K. N.

Gathukan balung sangisoring têpak.

Sungsum K. N.

--- 25 ---

Isining balung. | Sungsum gêgala zie otot. | Jênang sungsum.

Wan K. N.

Rambut putih, zie rambut.

Wadidang KN.

Iringing pupu kang jêro sangisoring lakang, êmbate ingaran: wadidang.

Tjondro

Wadidang andindang lungit (kaya pupuning kodhok). | Wadidang anglêngkèh lungit.

Wudêl K. N. pusêr K. Tuntunan K. I.

Pusêr bumi K. N (Ngarab). | Krambil pusêr K. N (woh kang ngisor dhewe). | Tuntun-tuntunan K. N (tulung-tinulung).

Wêtêng K. N.

{Padharan van dhara Kw. ~ padharan van dhahar} K. I.

Wêtêngan (bayi).

Iman Sapingi

Wêtêng gêdhe: kêbluk randhat ing gawe. | Wêtêng cilik, akas cancingan ing gawe. | Wêtêng sêdhêngan, patitis barang karya.

Wulu K. N.

--- 26 ---

Warnane agal lan alus kaya ta: wulu idêp thukul ing mripat, wulu alis thukul ing alis, wulu cumbu thukul ing jêmpol sikil, wulu kèlèk thukul ing kèlèk, wulu simbar thukul ing dhadha, wulu puhun thukul ing jêmpol sikil, wulu jawês thukul ing ngisor lambe, wulu jêmbut thukul ing kawirangan, wulu jenggot thukul ing janggut, wulu godhèg thukul ing athi-athi ngarêp kuping, wulu brêngos thukul ing lambe dhuwur.

Iman sapingi

Sarupaning wulu awak yèn thukule lêmbut: salamêt kang tinêmu, ora dhêmên takabur, noraga, bisa ngenaki ati sapadha-padha, simpên wiweka, wani kokum nambak lara pati, ora dakdir lan ora lêngus, sugih graita trusing tekad, iku dandananing bumi.

Walikat K. N.

Antaraning têpak kiwa têngên sadhuwuring watês kêmbên mungguhing wong wadon. voorb.

Kang ana wulu walikat, wulu lêmbut pratôndha [pra...]

--- 27 ---

[...tôndha] tuhwèng janji, lawan lêpas budinipun, ... zie T. S. Iman Sapingi pangkur pungkasan.

Sinuduk jajanya trus walikat kering.

Walakang zie lakang

Wadhuk K. N. = Maag (jêroan),

Pangrêmêkan pangan. | Wadhuk, kanggo ing basa Ks. atêgês wêtêng, kaya ta: wadhuke apa durung ambêdudung (= Wêtênge apa durung warêg)

Wang K. N.

Gathuking balung, angaping cangkêm kang ngêpok sangisoring kuping.

Wang = oewang Mal.

{Wangkri gaji ~ kantor wang} kaya-kaya saka têmbung Mal.

Luh K. N. Waspa Temb.

Kapiluh = nangis ngungkêb-ungkêb.

Kaca-kaca = rawat waspa.

Laku N. lampah K. tindak K. I. lumaris Kw.

Rindhik, rikat, sêdhêngan, mlayu.

Tjondro

--- 28 ---

Mangu kadung yèn lumaris Tjemp. | Tindak macan lupa PI 23-10 v. o.

Lakang of walakang K. N.

Têkukan sikil ing dhuwur gathuk karo kêmpung.

Lalar K. N.

Rêgêding awak saka kringêt. | Dilalar (= diwaca manèh yèn ana kang luput).

Limpa K. N. (jêroan)

Lêmpèng K. N.

Iringaning awak.

Lambe K. N. lathi K. I.

Ngisor dhuwur padha aran lambe. | Lambe satumang kari samêrang (mituturi ora digugu). | Lambe sumur (windu). | Dadi lambe (tansah dipituturi ora anglèng).

Tjondro

Lathi dhamis anggula sathêmplik. Tjemp. | Lathi lir manggis karêngat (disigar). | Lathi abang mèngèr-mèngèr.

Iman sapingi

Lambe abang sêdhêng kandêl tipise, tôndha pahaman barang karya tur ambêk rahayu. | Lambe biru, linyok barang kardi |

--- 29 ---

Lambe kandêl, budine gêdhe, kajêron tômpa, mamak salang surupan. | Lambe tipis, elingan watêke. | Lambe sêdhêngan, sampurna budine.

Lembehan K. N.

Obahing tangan yèn lumaku sarta gêntèn, ora bisa barêng yèn ora ginawe.

Tjondro

Lembehan mêrak kasimpir P. I. 23-10 v. o.

Lambung K. N.

Antaraning cêthik lan iga saubênge ingaran lambung, iya iku panggonan ubêding sabuk mungguhing wong lanang, sarta lambung iku diarani dawa utawa cêndhak, kaku, utawa: lêmês. | Lambunging gunung (têngah). | Dilambung saka ing iringan (mungsuh ora sabawa). | Kêris kêlambung (didhêmêni). | Ora têmbung ora lambung (silakramane kaku).

Tjondro

Lambung kadi sêkar kintaka Tjemp.

Latha K. N.

Buwênging mripat ing jaba.

--- 30 ---

Lêngên K. N.

Têkukan tangan kang ngisor.

Pundhak K. N. pamidhangan K. I.

Ragangan awak ing dhuwur, nyangkrang, brojol, utawa pajêg.

Tjondro

Pamidhangan naraju êmas K. I. nanging pamidhangan (pakaulan) K. N.

Pênthil K. N. mundri K. I. en mundri K. I. voor nyamat

Paru K. N. (jêroan)

Purus K. N.

Iku otot gung kang sambung lan kawirangan. | Purusenthe (ora kaopan).

Pringsilan K. N. zie konthol

Padon mripat zie suluhan.

Pasu K. N.

Antaraning alis sadhuwuring irung.

Pêli K. N. palanangan N. pajalêran K. kalam K. I.

Pêli kanggo ing basa Ks. nanging

kêbo pêlèn KN.

Polok K. N.

--- 31 ---

Pandhikil ugêl-ugêl sikil ing jaba, timbangane kêmiri: ing jêro.

Piling

Pilingan K. N. lêkokan antaraning pucuk alis lan kuping.

Pulung ati N. pulung manah K.

Lêkokan têngah bênêr sadhuwuring wêtêng. | Kêtiban pulung (andaru). | Parine dipulung (diêntas saka ing memean).

Pipi K. N. pangarasan K. I.

Ing têngah lêkok yèn wis tuwa.

Tjondro

Pangarasan andurèn sajuwing. | Pangarasan anjêruk saajar.

Pupu K. N. wêntis K. I.

Têkukan sikil ing dhuwur. | Dipupu (dipèk). | Anak pupon (anak pèk-pèkan). | Kêpupu ing prang (kalah). | Pupu gêndhing (pupu pitik). | Mupu beya (anjaluki dhuwit wong dodol).

Iman Sapingi

--- 32 ---

Pupu gêdhe yèn ora sêmbada lan awake, watêke kêras, nanging kurang budi.

Pêjuh K. N. Wêtuning rahsa.

Dhadha K. N. jaja K. I.

Ing ngarêpan kabèh aran dhadha. | Dhadha manuk (dhadha kang mundul) | Dhadha bahu (santosa). | Andhadhani (saguh katêmpuh). | Ngilani dhadhaning wong (ngina). | Dhadha mênthok (pitik). | Tak rewangi suku jaja têkên janggut (kangelan). | Wong jaja (idêr).

Iman sapingi

Dhadha jêmbar: kêbluk amralènthèni. | Dhadha ciyut, sumpêkan atèn, ambalenjani. | Dhadha sêdhêngan, bèrbudi tur wicaksana.

Dhêngkul K. N. jêngku K. I.

Têkukan sikil jaba kang diujungi. | Ngikêt-ikêti dhêngkul (andadèkake priyayi bocah utawa wong tuwa bodho). | Landhêp dhêngkul (kêthul atine).

Janur K. N.

--- 33 ---

Janur K. N.

Balung nom antaraning bolongan irung. | Janur (pupus krambil). | Wêsi janur (kêlam kothak mori enz).

Jantung K. N. (jêroan)

Jawès K. N.

Wulu kang thukul ing lêkokan têngah lambe ngisor.

Jubur K. N.

Wironing silit.

Janggut K. N. kêthêkan K. I.

Sambunging wang kiwa têngên. | Anjanggut (cêdhak).

Iman Sapingi

Janggut lincip, watêke drêngki, kurang budi, yèn micara kêrêp luput. | Janggut lêmpak gêdhe kandêl, watêke bêkicik, dhêmên têkabur, ala atine. | Janggut sêdhêngan, rahayu, bèrbudi, sampurna barang karya.

Jenggot K. N.

Wulu kang thukul ing janggut.

Iman Sapingi

Jenggot cêndhak kêtêl, tôndha kakon atèn. |

--- 34 ---

Jenggot dawa arang-arang, tôndha kurang budi. | Jenggot sêdhêngan, tôndha sampurna barang karya. | Jenggot lêmbut kêtêl, tôndha alon barang karya. | Jenggot lêmbut arang-arang, tôndha bèrbudi. | Jenggot mulêt tur muyêk, tôndha ala barang karya dhêmên laku culika angapus-apusi, wani ing bêbêndu, adoh marang panggawe rahayu. | Jenggot ngrêmpêl ora pinatut, wicaksana bèrbudi, sampurna barang karya.

Manik K. N. thêlêng K. I.

Irênging mata. | Maniking toya (sêsotya). | Maniking ati (katrêsnan).

Maras K. N. jêroan

Marasing ati (kuwatir)

Mata N. mripat K. tingal K. I. netra Kw.

Mata era (kranjang) ontj. II 74-4 v. o. o itik, o iwak, o kucing, o kapèn J. Z. II. 131-(33) en P. I. 15-2 v. o. o dêruk, o lele, o pita of pitaya B. T. D. 222-9 v. o. o dhuwitên, sat of kasat mata, sambêr o, mata-mata, sa o saking doh mata kapèni.

--- 35 ---

Kantj. 15-1. K. N.

Tjondro

Netra lir sagara muncar | Netranipun lir intên sinarawèdi B. T. D. 464-1. v. o.

Iman sapingi

a. Mata ômba, tôndha kêbluk, ora antêpan | Mata ciyut, sugih maras, langkah panggraitane, wani marang pakewuh, nanging kakehan mênèk. | Mata sêdhêngan, wicaksana bèrbudi tuhu ing janji dhasar sampurna marang agama.

2b. Mata abang, nganti kaya gêni, kriyap-kriyip kaya mataning sapi, tôndha kurang budi, dhêmên laku jina, andaluya sêmbrana parikêna, êmoh marang panggawe bêcik.

Mata irêng (putihè sulak irêng) dhêmên marang kautaman, gêdhe wiwekane, rahayu ing budi, luhur darajate, bèr pamicara, sampurna marang agama, mung bêcik kang dèn tindaki.

Mata kuning nom, tôndha dadi pêthuting durjana, bêbenggoling kècu.

Mata kuning tuwa, nganti ora katon putihe, [pu...]

--- 36 ---

[...tihe,] tôndha dhêmên niaya.

Mata kulawu, tôndha dhêmên marang panggawe bêcik.

Mata biru nom, kêna ing sarik, musibat gêdhe, wani marang ing bêbêndu, nguwitake kamandaka, drêngki tur têkabur, ngêpak panggawe cidra, dhêmên nganiaya lan sikara.

Mata biru tuwa, tôndha ratuning musibat, dhêmên mitênah, wani ngisin, lêngus, drêngki, ngamandaka, karêm goroh, ratuning durjana.

Mata biru sarta {bathuk lêngar ~ janggut lincip~ janggut mulêt} ratuning ala, yèn pinêrakan ambilaèni, prasasat sandhing ula mandi, mupakat para jamhur, mutamat pinèngêtan.

c. Mata ana taine lalêr, iku kaliwat dening ala.

Mata ana taine lalêr konus trajilane, pinggire katon gêrêt-gêrêt, tôndha dhêmên pitênah.

Mata ana wayangane bocah cilik anjêngkêlit, sêmune gumuyu, tôndha ngumure dawa.

Mata arang kêdhèp, sampurna kawruhe, ulah.

--- 37 ---

pamicara lan ulah kramaniti, iku mata dandanan.

Mata idêpe lêmbut, kurang budi, kurang pamicara.

Mata idêpe pating blêngkêr, yèn ginawe kêdhèp pating bêsasik, iya iku ratuning edan, aja sandhing linggih, sasat cêdhak lan karo ula dumung, ora kêna kêtungkul sathithik bilai, yèn ora nyakot iya nyêmbur, gêlare mindêng ngamandaka, katone bêcik, yèn wis kalingan salin ala, anglêbur padha batur, angrusak sanak, yèn dèn andêl marang pakewuh aniwasi, watêke jirih, dhêmên linyokan, kumintêr yêktine bodho, anggung ngalap srama, adol jênêng, karêm drêngki.

Mata kriyip-kriyip, kurang budi, kurang pamicara.

Mata kêdhèpe sungsun, tôndha sungkanan tur jirih.

Mata lêkok, tôndha musibat, dhêmên mitênah, drêngki amrih cilakaning liyan.

Mata liyêp lindri, ora ciyut, ora ômba (sêdhêngan) kêdhèpe arang, tajêm panglirike, tôndha bèrbudi bawa lêksana, sampurna marang agama, patitis wicarane, andhap asor, ora dakdir, sumingkir marang panggawe ala, alus pambêkane, yèn têtulung ora kinatokake, lêpas marang pangawikan, mata dandananing [dandanan...]

--- 38 ---

[...ing] bumi.

Mata pêndul, tôndha drêngki jail muthakil, tur bumakit.

Mata pinggire pating jêngkêrut, tôndha wani ing wirang, drêngki dhêmên niaya.

Mata yèn anglirik bisa rangkêp, ngalor ngidul, utawa ngetan ngulon bisa, tôndha budine lamis, dhêmên para padu, tan wruh ing êmpan papan, pratingkahe ukum kucing?

Mata manike irêng bangêt, tôndha akèh wiwekane.

Mata mêtu yèn mêrêm, katon pêndul, yèn mêlèk anjalalat, tôndha mamak budi, dhêmên ginunggung, gumisa nanging tan pêcus.

Gandhu K. N.

Balung kaya bendha ing dhêngkul.

Ginjêl K. N. (jêroan)

Gorokan K. N.

Bolonganing cangkêm ing jêro.

Garês K. N.

Têkukan sikil ngisor kang ngarêp, garês kang buri: kempol.

Gurung K. N.

--- 39 ---

Balung gêrêt-gêrêt lan bolong têngah sangisoring gorokan.

Gronggongan K. N.

Sêlane iga ngarêp.

Gêtih N. Rah K.

Wuru gêtih, pulih o gêtihên K. N.

Gusi K. N.

Daging kang tancêban untu.

Gulu K. N. jôngga K. I.

Saubênge kabèh aran gulu. | Gulon K. N. (kulambi). | Janggan K. I.

Tjondro

Jôngga lumung rêspati. | Jôngga angolan-olan. | Jôngga manglung kadi manyura lumarap.

Iman sapingi

Gulu cêndhak, srêgêp laku ala. | Gulu dawa, atine cilik, mamak, nylèwèng karêpe. | Gulu sêdhêngan, sugih budi, wicarane alon, bênêr karêpe. | Gulu kandêl, doyan mangan, sêmbrana parikêna, [parikê...]

--- 40 ---

[...na,] ora idhêp ngisin. | Gulu iring K. N. panggonan maul kayat.

Godhoh K. N.

Kuping ngisor kang ditindhik.

Gudhal K. N.

Rêrêgêding untu yèn ora dirêsiki dadi lêka.

Godhèg K. N. Griwa K. I.

Wulu kang thukul sangarêping kuping sumambung athi-athi. | Godhèg wok simbar dhadha.

Gêgêr of gigir K. N. Pungkuran K. I.

Ing buri kabèh aran gêgêr utawa gigir.

Githok K. N. griwa K. I.

Pok gulu buri ing ngisor.

Bahu K. N.

Têkukan tangan kang dhuwur. | Bahusuku (wong). | Bahudhêndha (bahune landhêp kaya dhêndha = ngadil). | Sabahu (= ¼ jung). | Bahukapine (= pilih kasih). | Bôndha bahu (timbangan) | Bahu dhanyang (pikuwat)

--- 41 ---

Iman sapingi

Bahu wijang wani marang pakewuh, enthengan têtulung marang panggawe bêcik.

Bahu ringkês, dhêmên laku silib, gawe kaluputaning liyan, ora kêna dèn cêdhaki.

Buntut urang

Rambut lêmbut kang thukul ing lêkokaning gulu buri ngisor sirah.

Brêngos K. N. rawis en kumbala K. I.

Wulu kang thukul ana ing lambe dhuwur.

Bokong K. N. bocong K. I.

Daging kandêl pok pupu.

Tjondro

Bokong arurus.

Bol K. N.

Rupane abang wiron.

Blobok K. N.

Rêrêgêding mata.

Balung K. N.

Boyok K. N.

Sadhuwuring bokong pungkas ula-ula.

Babat K. N. (jêroan)

Bathuk K. N. palarapan K. I.

--- 42 ---

Leteran sadhuwuring alis.

Tjondro

Bathuk anatar arga bêbayu ijo.

Iman sapingi

Bathuk jêmbar, bêngis, kêbluk, sungkanan. | Bathuk ciyut, kurang budi. | Bathuk sêdhêngan, mêlas asih, ngalahan sabarang karya. | Bathuk anjêngkêrut malang ing bathuk§ palarapanipun R. Ng. Rônggawarsita, anjêngkêrut malang. tôndha wicaksana, limpad sabarang kawruh, lila ing dunya, gêlêm kalah. | Bathuk anjêngkêrut mujur ing antaraning alis, tôndha akèh prihatinè, kêrêng nora sarônta.

Bakekan K. N.Bangkekan K. N.

Sangisoring iga wêkas, sadhuwuring cêthik, panggonan ubêding sabuk mungguhing wong lanang.

Thothok tangan K. N.

Kurêbing èpèk-èpèk.

Thothok sikil K. N.

Kurêbing sikil.