Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Keratabasa, Angabèi IV, c. 1900, #1331

Katalog:Keratabasa, Angabèi IV, c. 1900, #1331
Sambung:-

Sêrat KeratabasaJudul berdasarkan pada daftar isi.

--- 317 ---

Keratabasa, wêwatêkanipun sami kawardenan sadaya kados ing ngandhap punika.

Aksara Ha, dipun keratani akèh wiraganya, ingkang brêmara anglalêntrèh, kentaring maruta agung, têgêsipun kombang mibêr katup ing angin. Watakipun gangsal bab, kapara ugungan, yèn kapêthit ing ujar lajêng kabranan, botên kenging kungkulan budi, botên ajrih ing pêjah, yèn katuju ing manah balabur sugih rêjêki, cêpak wahyonipun, ragi kêsèt ing damêl. Namung kinasihan ing priyayi agung, yèn pawèstri watakipun sugih napsu, nanging parêk jatukramanipun.

Aksara Na, dipun keratani, sura katêmpuh mulyèng yuda, têgêsipun kêndêl, nanging kêrêp kaprajaya, apêsipun gangsal prakawis. 1. apês saking dêdamêl, 2. apês saking karoban tandhing, 3. apês saking kirang prayitna, 4. apês saking gugupan, 5. apês saking watiring driya sarta wicara, kau bêbudènipun, nanging botên gadhah

--- 318 ---

pikajêng mokal.

Aksara Ca, dipun keratani, kadi padhas parang têmpuh, inggih punika parang pèrèng gêmpal. Kajêngipun kagêlan gangsal prakawis. 1. cuwa kêrêp kecalan, 2. cuwa kêrêp kasakitan, 3. cuwa kêrêp kasupèn, 4. cuwa kêrêp kawirangan, 5. cuwa kêrêp cupêt ing sêdya. Gangsal prakawis wau tansah angambah ribêt sakiting manah, jalaran saking sugih rêricik tur botên apik. Pambiratipun sabên wêdalanipun kawilujêngan jajan pêkên. Bilih pawèstri sangêt wêlu bodho, lumaku kèdhêp saujare, botên ajrih dhatêng yayah rena.

Aksara Ra, dipun keratani sêmpal kaèdêkan, jagat kentir gumuruh swaranya, têgêsipun kirang wahyu, kêrêp kasingsal, apês saking gangsal prakawis. 1. apês saking swaranipun garabah narik risaking badan, 2. apês botên pandakan, 3. apês wicaranya, 4. apês pikir saking dèn andhar, 5. apês botên anggêga warah wuruking yayah rena,

--- 319 ---

kêdah pêncar piyambak, rumpil budi, sanajan kabêgyanipun sakêdhik, barang nalar sagêd amiwiti botên sagêd angrampungi.

Aksara Ka, dipun keratani, kongkang munyèng pangrongan, pôncabêlah sura mikiwul, têgêsipun canthoka gangsal mungêl wontên ing êrong, sami rêbat wadon, pikajêngipun kodhok sami lêlakèn. Watak ingkang makatên wau guru alêman, tur ladak ing batin, canggèh yèn woworan, sakêdhik rêjêkènipun.

Aksara Da, dipun keratani, daliwara munggèng rana, têgêsipun hawaning aprang, kajêngipun hawaning aprang gangsal prakawis. 1. manising sabda, 2. sugih kasagêdan, 3. lantiping panggalih, 4. bèrbudi kaduk wani, 5. sugih rêjêki tur miyatani ing yuda, namung têka wêkasan kasor, jalaran saking sêndhon panastèn, ewanan, dene manising sabda namung lamis.

Aksara Ta, dipun keratani, sêkar sumawur kentar drêsing

--- 320 ---

maruta, mawor kumrisiking wuluh gadhing, têgêsipun kêmbang sumawur gônda amrik, nanging kabancanèng angin. Pikajêngipun dados dèrèng wanci sumêbaripun wau, mila yèn manungsa mawi gadhah watak kumarisik, manahipun tur mantêp ing pangawikan. Namung wêdalipun dèrèng môngsa, dados botên kawistara, katawur ing kathah, têmah kasagêdanipun kabaliwur kang ngawur-awur, nanging watak wantêran ing panggalih, kabyuk ing pasumitran, wasis ing panggalihan pradhah, suprandosipun botên kenging ujar sakêdhik, canggèh tan watara.

Aksara Sa, dipun keratani sêtya tuhu amrih ayuning sêsami, dipun pralambangi malih, asrêp karatone, pikajêngipun ingkang gadhah aksara Sa, lêpas lêmbut ing budi, wasis lantip ing driya, sêdhêp manis ing pangandika, rahayu bawalaksana, tulus ing ambêg arja.

Aksara Wa, dipun keratani, camara wukir malela, têgêsipun gunung agung sinawang tanpa kêkuwung, pikajêngipun sagêd agêng kawiryanipun, nanging kirang mantêp ing wicara [wica...]

--- 321 ---

[...ra] saru, kumarêcêk kados swaranipun jalma urakan.

Aksara La, dipun keratani, lêlina ing môngsa, têgêsipun pêjah dumugi ing wanci, dipun pralambangi malih, rêratêkab, têgêsipun yèn sampun dumugi kajêngipun kêrêp napsu, pralambangipun malih, tumungkul teja ngênguwung, punika yèn gadhah subrata nglalu tanpa watês, watak angkuh, nanging pawong mitra dahat asih, yèn kalêrêsan andhap asor, namung manawi gadhah kajêng sasat napsu.

Aksara Pa, dipun keratani, mubêng kapurunanipun, têgêsipun malintir rêmbagipun. Nanging yèn kapêngkok ing wadi, panggah botên mingkuh, asring kadunungan budi adi, kêrêp dados patakenan sarta paguroning tiyang, ajrih dhatêng yayah rena.

Aksara Dha, dipun keratani, patuting kagunan, syuh anguwuh ing yayah rena, têgêsipun patut pantês, majêng ing karya, syuh risak, dados pikajêngipun anggege risaking bapa biyung, inggih punika anak ingkang ngalup rina wêngi.

--- 322 ---

Aksara Ja, dipun keratani, jawata narpasudra, têgêsipun dewa ingkang asor, utawi ratu sêngkan. Pralambangipun malih tiyang mêngkul suku, têgêsipun ratu asring kaèngêtan manawi talitining alit. Pralambangipun malih mangku kuwung teja myang thathit, têgêsipun katarima tobatira dhatêng dewa.

Aksara Ya, dipun keratani, giri parai, têgêsipun gunung sarewehan toya, watak asrêp sugih rijêki, pralambangipun malih, anrang rênguning parung, têgêsipun mêthukakên lêlandhêp. Watak malintir rêmbagipun.

Aksara Nya, dipun keratani, binombong wranèng galih, têgêsipun anggarundêl ing wuri, yèn sampun mulung kados gêtun. Pangucapipun kumaki, tur bodho tansah dipun ewani ing tiyang, wah tipisan manah, jalaran sugih panyana-nyana ingkang botên migunani.

Aksara Ma, dipun keratani, mangayu, menak magêntur, [ma...]

--- 323 ---

[...gêntur,] têgêsipun karêm ubyang-ubyungan kalihan tiyang kathah, pralambangipun malih pancakala makêlong, pikajêngipun suka karêm gumyak-gumyak, suka nêningali dalu, suka mirêngakên basa saru, suka kasinungan sugih, suka ngalingi bodhonipun, yèn sampun wanci diwasa, pralambangipun grêma cidra, pikajêngipun sulaya gangsal prakawis, punika lajêng têbih ing paramean. Gadhah watak jail panasbaranan, lumaku ginugu ing saujaripun.

Aksara Ga, dipun keratani, gêlah-gêlah mangikêt maêlung rantèh, têgêsipun awon sangêt, ananging sumêrêp ing alitipun. Pralambangipun malih, jagad sawêgung, widadara-widadari, têgêsipun andhap asor, jalu èstri watak suyud asih dhatêng ing sêsami.

Aksara Ba, dipun keratani, binuncang ing parang rèjèng, têgêsipun manah asor kasingsal. Pralambangipun malih, dinulu kaparupuh, têgêsipun sawêksawêg. kenging dipun tingali, lajêng kasurang-surang malih, kabêkta ambêk [ambê...]

--- 324 ---

[...k] murka, lir pawaka ububan, sasab alus ananging tan prayogi, manawi kadhatêngan bilai ambêbayani.

Aksara Tha, dipun keratani, wuwuh kewraning kalbu, têgêsipun ngucapakên wijiling wicara, pralambangipun malih gêtêr kumrisiking wuluh gadhing, watak sangêt anguwas-uwasi, ing graita trus ing wicara karya maras. Ingkang makatên punika watak rikuhan tur nyênyêngit.

Aksara Nga, dipun keratani, kadi camara gêgêk. Têgêsipun rambut gimbal, pralambangipun malih, kewran matêdhuh, mawor kumrisiking wuluh, pikajêngipun sanadyan kumarisik manahipun, nanging saucapnya tan prayogi, katarik saking kamelikan.