Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Layang Basa Sala, Rinkes, 1911, #9

Katalog:Layang Basa Sala, Rinkes, 1911, #9
Sambung:-

--- [3] ---

Layang Basa Sala

Karangane Ki Padmasusastra ing Surakarta

MET EENE INLEIDING DOOR Dr. D. A. RINKES (Uitgegeven door het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen).

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Pirmah Papirus, Bêtawi 1944

--- [4] ---

...

--- [5] ---

INLEIDING

Om hunne stellig niet onderschatte deugden hebben de door enkelen "klassiek" genoemde Javaansche Samenspraken van C. F. Winter gedurende vele jaren een belangrijke rol gespeeld bij het onderwijs in het Javaansch aan de aspirant bestuurs- en rechterlijke ambtenaren ingsun Indie. Onder de verschillende omstandigheden echter, die daartoe hebben bijgedragen, was ongetwijfeld niet de minste het ontbreken van een geschiikt boek, dat die geleidelijk verouderde en aftandsch geworden Samenspraken zou kunnen vervangen. WINTER toch beschrijft veelal Vorstenlandsche toestanden van een driekwart eeuw geleden, en hoewel sommigen beweren, dat daaraan nog niet veel veranderd zou zijn, blijkt toch in de praktijk van het onderwijs, dat de leerlingen wel eenigszins moeite hebben, zich steeds in die onderwetsche tijden met de vroegere bodemgesteldheid, de toenmalige belastingen, muntberekeningen, etc., in te denken, zonder uitvoreigen uitleg van den docent. Daarbij komt, dat die bundel Samenspraken sedert langen tijd alleen te verkrijgen is in een langs photographischen weg tot stand gebrachten herdruk, waardoor de toch al kleine drukletter der uitgave, die tot grondslag werd genomen, nog weer onduidelijker was geworden, en bij het lezen groote inspanning der oogen vergde. Men zegt, dat de,,Javanicus', die door de betrokken uigevers-firma was aangezocht om den herdruk te bewerken, zich op die wijze aan de voor hem zeker onoverkomelijke moeilijkheden, enkele gewenschte wijzigingen aan te brengen en de drukproeven te corrigeeren, heeft weten te onttrekken.

Hoe het dan ook zij, het was een gelukkige gedachte van de

--- 6 ---

Directie van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenshappen om in de bestaande leemte te willen voorzein, en dus een meuwen bundel Javaansche Gesprekken, van den bekenden KI PADMA SOESASTRA, in hare edita op te nemen.

Het komt gewenscht voor met eenige mededeelingen over diens vroegere litteraire werkzaamheid deze jongste pennevrucht bij het belangstellend publiek in te leiden.

KI PADMA dankt zijne vorming in de Javaansche letteren voor een belangrijk deel aan RANGGA WARSITA, een Javaansche taalgeleerde uit het midden der vorige eeuw, den laatsten eigenlijken "poejangga", die bij zijne landgenooten in belangrijk hooge achting staat, dan hij om verschillende redenen (en terecht!) bij Europeesche geleerden, die met hem in aanraking kwamen, mocht verwerven.

Eerst in dienst van den Javanicus Ch. Te Mechelen, later vooral bij C. VAN DER PANT heeft de stellig intelligente PADMA daarna eenigszins met de Europeesche methoden van taalbestadeering kennis gemaakt, en een zekere dosis Europeesche kennis opgedaan, die hij later wel getracht heeft voor zijne landgenooten toegankelijk te maken.

Met den heer DE NOOY, Inspecteur van het inlandsch onderwijs, heeft hij een reis naar Holland gemaakt, waardoor zijn wereldwijsheid stellig is toegenomen, doch waarvan hij overigens neit veel profijten heeft mogen trekken.

Bij terugkeer trad hij in dienst van den heer A.H.J.G. WALBEEHM, evenals de bohengenoemden leeraar in het Javaansch aan de afd. B van het Gymnasium WILLEM III te Batavia, uit welken tijd een vroegere bundel Samenspraken dateert, Serat Oerapsari geheeten, die wel vele belang rijke stukken bevat voor de kennis van Javaansche toestanden, dech voor het gebruikelijke onderwijs echter in het algemeen te moejelijk blijkt te zijn.

Na eenige jaren vestigde hij zich toen wederom te Solo, waar hij zich met litteraire en journalistieke werkzaamheid occupeerde, en ten slotte benoemd werd tot mantri pamidjen,,,ambtenaar voor speciale diensten', voornamelijk belast [belas...]

--- 7 ---

[...t] met het toezicht op een bibliotheekje van Javaansche handschriften, dat zich in de Kapatihan te Solo bevindt.

In de sedert afgeloopen tien a vijftien jaar heeft hij zich goed geweerd, en o. a. de redactie gevoerd van een (sedert ter ziele gegaan) tijdschrift, SASADARA geheeten, een goed bedoelde poging om moderne opvattingen met echt Javaansche in contact te brengen en op elkaar te laten inwerken, die echter geen finantieel succes bleek te zijn.

Daarnevens gaf hij eenige warken uit, gedeeltelijk als gevolg van zijne samenwerking met bovengenoemde Europeesche beoefenaars van het Javaansche grammatica, anderdeels geschriften, die door den bij vele Javanen wijd vermaarden Prins Mangkoe Negara IV heeten te zijn samengesteld, en in hoofdzaak ethische lectuur bevatten. Voor Europeesche wetenschap zijn die laatste geschriften weinig belangrijk, bij de Javanen wekken zij echter om hunne kunstige samenstelling en de gewild-gewrongen "poetische" stijl een zekere bewondering.

Ook van Regeeringswege werden een paar werken van KI PADMA, (thans officieel betiteld met den naam Mas Ngabehi WIRA POESTAKA) gedrukt, en wel een beschrijving van de zeden en gewoonten te Solo, een woordenboek ter verklaring van synoniemen, en een paar minder beduiden de werkjes.

Het voorliggende geschrift is uitsluitend bestemd voor de studie van het Javaansch, waartoe het zoowel om de goede weergave van het dagelijksche Solo-Javaansch als ook wegens het behandelen van onderwerpen als de mangsa's en sengkala's, die anders bij het onderwijs weleens in de verdrukking komen, aanbeveling verdient.

Aangezien het een uitgave gelt van eene instelling waaraan uit den aard der zaak alle winstbejag vreemd is, kon de prijs uiterst laag gesteld worden, in tegenstelling met die van vele andere studie-boeken op dit gebied, in de hoop daarmee het doel der uitgave zoo goed mogelijk te benaderen.

Maart, 1911. D.A.R.

--- 8 ---

...

--- 9 ---

1. Nawu of Mêlut

a. Din.

b. Ih.

a. Ayo nawu nyang kali.

b. Gêmang, kaline umrik, kulon mêndhung, ayake kana udan, mêlut bae aku gêlêm.

a. Nyang ngêndi.

b. Nyang bêran kidul kono.

a. Aku dhèk wingi mêlut mrono, disrêngêni sing duwe sawah.

b. Nèk kowe ngrusakake galêngan, ora.

a. Iya, wong cope ana pinggir galêngan.

b. Bênêr sing nyrêngêni, mêlut mono sing ora cêdhak galêngan. Ayo mangkat saiki, mêngko nèk disrêngêni aku rupane.

a. Ayo.

--- 10 ---

2. Bênthik of Tor

a. Ayo bênthik.

b. Êmoh.

a. Genea ta.

b. Wong aku kalah baud.

a. Takuripi odor uthat.

b. Tênan.

a. Iya.

b. Ilone bocah pira.

a. Êmoh nèk nganggo ilon, waniku nèk ijèn.

b. O, nèk ijèn aku ora wani, iya yèn aku ajêg mênang bisa odor dhisik, nèk kêwalês kalah kowe gênti odor, ora wurung aku rêngkuk anggendhong kowe.

a. Arêpmu apa mung anjaluk mênang karo anjaluk gendhong bae, sing gêlêm sapa.

--- 11 ---

b. Wis ta, ayo tor bae, gendhongane ora pati adoh.

a. Ayo tor, aku iya gêlêm, borane pasangên.

b. Wis, ayo mêntas dhisika nuju, aku kari bae.

a. Hê êh, prog, bor gayo.

b. Iya, nèk bisa kutis priye, prèg ta, kutis apa ora.

a. Ayo bali mêntas, kowe sing ngutisake, gênti dhisika.

b. Iya, prog, wis kono bae, cêcamboran.

a. Mêngko, prog, ora ta, môngsa durunga bor manèh: ora. Wis mapana tak cengklak.

b. Alon bae lèhmu nyengklak.

a. Iya, slènggrêng, èjèg-èjèg, dipun gendhong dumugi mêntasan. Wis tumungkula tak adol = ambucal gaconi mêngsah, blêg, moh arêp.

b. Moh.

--- 12 ---

a. Thog, sela kenging dipun tuju, ayo gêlis maju. Lajêng ambucal sela malih, moh arêp.

b. Arêp, sela katuju saking ngandhap, lêpat.

a. Ayo gêlis maju. Makatên salajêngipun ngantos kaping gangsal sela katuju saking sikil, kenging-kenging kemawon, kaping nêmipun lêpat.

b. Wis bubar, aku wêdi mungsuh kowe nèk ijèn, nèk nganggo ilon aku iya wani.

a. Ayo padha golèk ilon. Suthik nèk saiki, aku wis kêsêl, mêngko sore bae ditutugake.

--- 13 ---

Katranganipun Dolanan Bênthik

Bênthik punika namanipun barang kêkalih, odor kalihan janak.

a. Odor: pucukan dêling apus saêros, ngandhap nginggil buntu, dipun bolong ing uncêk utawi paku sasisih pucukipun, lajêng dipun isèni wêdhi ngantos kêbak, sarta lajêng kapantèk ing kajêng, wêdhi botên sagêd mêdal, bobotipun awrat ing bongkot.

b. Janak: janak punika tugêlan pang kajêng, agêngipun sajêmpolan suku, panjangipun satêngah kaki. Dene patrapipun janak kapasang malang sumèlèh sanginggiling banon wêtah kêkalih, ing têngah kagonggang sacêkaping pucukipun odor, bongkoting odor dipun cêpêng tangan kêkalih lajêng dipun uthatakên (janak kabucal sarana odor), janak malêsat mumbul ngampar dipun tampèni mêngsahipun, manawi katadhahan, pêjah, gêntos uthat, manawi lêpat, janak katujokakên ing odor, odor dipun alangakên satêngêning pasangan banon kêkalih wau, kagonggang saking banon, utawi

--- 14 ---

botên, miturut sapanêdhaning mêngsah, katuju ing janak, manawi lêpat panujunipun, pêjah, manawi kenging, gêsang, gêntos uthat, makatên salajêngipun. Sintên ingkang mênang lajêng odor, ambucal janak, têbih cêlakipun kakintên kengingipun katuju, nanging manawi kacêlakên, kinintên kenging dipun cèngi§ dipun lumpati. manawi kêsengan, pêjah, kèndêl anggènipun odor. Odor punika dipun cêpêng ing tangan, mujur urut lêngên, bongkotipun wontên ngajêng, manawi janak dhawahipun malang katuju mujur kasêntorakên, supados kenginging janak sagêd malêsat têbih, dados watês anggènipun badhe odor malih, manawi janak dhawah mujur utawi megos, panujunipun dhawahing odor gumlundhung malang angengingi janak taksih lajêng gumlundhungipun, punika inggih dados watês anggènipun badhe odor malih, makatên salajêngipun ngantos lêpat panujunipun, pêjah. Ingkang mênang lajêng dipun gendhong wangsul dumugi panggenanipun bênthik, punika ingkang minôngka totohanipun.

--- 15 ---

Katranganipun Dolanan Tor

Ingkang nama tor, punika botên wontên wujudipun, inggih punika pratingkahing lare dolanan anuju banon tugêlan kalayan sela, tohipun: gendhong.

Boran: punika banon tugêlan kaadêgakên, katuju kalihan gaco sela lètèr saking ing pêntasan, têbih cêlakipun antawis kawan landhean, manawi kenging nama: bor, manawi kenging malih, utawi gaco kenging gaco, nama: kutis, baul wangsul mêntas malih, nanging panujunipun boran, botên kados tiyang nyênyawat, kados tiyang lembehan.

--- 16 ---

3. Ngantih

a. Yu.

b. Anu apa.

a. Aku bok kosilihi kisimu sitok bae.

b. Gawe apa kowe nyilih kisi.

a. Iya digawe ngantih, aku saiki wis bisa ngantih, sing marahi si nini.

b. E, e, sukur ta, kowe saiki wis bisa ngantih. Kisimu dhewe ana ngêndi.

a. Tugêl mau bêngi tak ênggo ngantih kêsindhêt talining gilingan, coklèk.

b. [...] ênya, kowe tak silihi sitok. Sing ngati-ati panganggomu, aja kocoklèkake kaya duwèkmu.

a. Ora, tak ati-atine besuk Pon pasaran Ngasêm, tak tuku kisi loro.

b. Wis olèh pirang tukêl olèhmu ngantih.

--- 17 ---

a. Sasatane, durung olèh saithik-ithika, wong lagi jajal-jajal, sapasar mung olèh satugêl. Besuk Pon arêp tak dol pisan, nèk payu, lawene isih kasar.

b. Dêloki.

a. Lah iki apa rupane.

b. Iya, ijik kasar, lawas-lawas nèk talatèn iya bakal alus. Aku besuk Pon ora mênyang Ngasêm, arêp wiwit tandur lorogane sawah Sibêndha.

4. Tandur

a. Ayo, yu, wis jam nêm nuli mangkat tandur, nèk têka awan-awan sok dititèni, têdhune§ sêkul pênakan lawuhanipun gêrèh utawi blênyik. le§ Verkoting van: olèhe. mènèhake dikasèpake.

b. Kiye rak durung jam nêm, lumrahe wong nyambat tandur jam [ja...]

--- 18 ---

[...m] nêm nglumpuk, nuli pacak nyambut gawe, jam sapuluh bubar, bayarane sêtèng, olèh têdhun.

a. Nèk Bon Rôngga ora mêngkono, duwe karêp dhewe ora kaya lumrahe wong akèh, bayarane mung rong gobang, olèh têdhun nèk bebasan nêm dhuwit tanpa têdhun.

b. Iya sakarêpe, wong wênang, dhasar dadi lurah, sakedah sakerah,§ sakarêpe. dadi.

a. Ayo ta, nuli mangkat.

b. Ayo, mêngko olèhe tandur sakarêpe dhewe, apa nganggo diprentahi.

a. Nganggo diprentahi, ana sing malang, ana sing mujur, mawa-mawa kothakaning sawah diarah lakuning angin bisa bablas, ora nrajang tandur, nèk sawahe mèncèng, tandure ditênun,§ kaèncèngakên ngangkah pênêr ing keblat. katone ora turut, têmêne pênêr lor kidule. Galo,§ Verkoting van: kae: lho. wonge sing arêp dêrêp wis anjirap, ayo kêbat nèk kèri.

b. Ayo.

--- 19 ---

5. Dêrêp§ bêrah mêndhêti pantun.

a. Kowe arêp dêrêp mênyang ngêndi, yu.

b. Mênyang Ngrondul, kana mranêm.

a. Anua kae adoh têmên, mênyang Ngranyu bae cêdhak.

b. Êmoh aku nèk mênyang Ngranyu, sok ora didêrêpake wong liya, diênèni dhewe karo batur-bature.

a. Mênyang Jimus bae mêsthi olèh gawe, pyayine akèh sing lêgawa.

b. Iya aku mathuk, ayo mrana bae.

a. Ayo. Lah kae katon saka kene kidul desa anjirap wonge sing arêp dêrêp.

b. Iya, kae wong arêp dêrêp, rèntèp turut galêngan, ayo dirikat lakune, nèk sêlak kèri.

6. Pari

a. Mupung langite padhang, bong ngêmea pari.

--- 20 ---

b. Pari olèhe dêrêp wingi kae, bok.

a. Iya.

b. Dipe pyar,§ gagang pantun sagêgêm dipun byukakên, kawalik saking ngandhap manginggil, pantunipun jumèrèng, gagangipun taksih ngalêmpak ambêlandhit. apa diuntingi.

a. Pari sathithik, untingana bae, gulune§ gagang pantun ingkang ngêpok. têkukên, banjur uncalna ing payon rak mêgar dhewe, ora dicucuki ing pitik.

b. Kabèh, bok.

a. Iya. Mêngko sore pulungên,§ dipun êntas. nèk wis garing uthatana§ salaganing pantun dipun bucali, kantun gagangipun kemawon. pisan, banjur pasrahna bapakmu, cikne dibêlahi,§ dipun tangsuli gagangipun kalihan siladan dêling: pantun satêbah = 1/2 dhacin, sagèdèng = 1 dhacin, 4 gèdèng = sabawon, 12 1/2 gèdèng = sawuwa, 25 gèdèng = saamêt. nèk wis ngême pari sadurunge mulung, nutua pari sing wis garing, aku arêp mênyang pasar.

--- 21 ---

b. Pira, bok olèhe nutu.§ misahakên pantun saking wulèn, wontên ing lêsung sarana alu.

a. Nèk bisa êntèk sabêlah, mêrange§ gagang pantun ingkang sampun botên wontên pantunipun sarta sampun garing santun nama: mêrang. klumpukna, didol nyang nagara payu, digawe kramas landhane,§ toya obongan mêrang nama: lôndha, kangge kramas, utawi mêthak têngahan ikêt, kêmbên tuwin sanès-sanèsipun. gabahe§ pantun saêlas ingkang sampun pisah kalihan wulènipun, nama: gabah, sanadyan sabagor inggih taksih nama gabah. kêncongên§ nutu gabah wontên pinggir salêbêting lêsung, lajêng dipun intêri, mrambutipun kabucal dados gabah arang. nèk wis dadi gabah arang,§ uwos wuluh taksih kathah gabahipun. bêbakên§ nosoh uwos wuluh ingkang taksih kathah gabahipun (gabah arang) saking kêncongan dhatêng ing lumpang kalayan alu. dadèkna bêras wuluh,§ dèrèng rêsik, taksih kathah katulipun. mrambute§ klothokan kuliting pantun. aja kobuwang, kêna ginawe bêdhiyan.

b. Apa ora bêcik disosoh dadi bêras tambar§ uwos wuluh kasosoh malih dados tambar. sisan, olèh katul, karo olèh turahan [turaha...]

--- 22 ---

[...n] mênir, kêna dipangan, tur mundhak rêgane, paribasan kae ana: môngsa anaa bau ilang.

a. Busuk, kowe kuwi, mêsthi bae mundhak rêgane, wong suda bobote ilanging katul lan rêmuking bêras dadi mênir, witne nèk dikêcrèk§ uwos tambar, kakêcrèk, malih dados pêthak. manèh dadi bêras putih saya akèh rêgane, nanging bobote rak suda, dadi iya padha bae.

b. Anua kae nèk adol bêras tambar, gêdhene mênyang putih, gêlis payu, tur olèh turahan katul karo mênir, kêna dipangan, kuwi iya ana ajine.

a. Wis mêsthi bae, wong dilakoni kangelane, kaya kandhamu mau, ora ana bau ilang. Sukur nèk kowe gêlêm kangelan manèh, kososoh dadi bêras tambar, salong kokêcrèk dadi bêras putih, aku iya mundhak bungah.

b. Iya, bok, wong ora kêsusu, arêp tak rêsikake manèh.

--- 23 ---

a. Bêcike mêrlokna wunu§ ontean pantun ingkang coplok saking gagangipun taksih kêkanthil wontên ing ontean. sing ana ing jogan iku dhisik, saponana gabahe, usugana§ gabah ing jogan awor lêbu dipun tutul ing sinjang lurik momohan kajèrèng sing kengingipun, gabah katut pating kranthil, gampil kapêndhêtan, botên katutan rêgêd. lan banjur kêncongên, joganmu katon rêsik, tur olèh bêras sing bakal diliwêt.

b. Iya, mêngko sapungkurmu tak tandangane dhisik, tak wadhahane ing tumbu bèn ora nyêpêti mripat.

7. Adang

a. Lho, kowe Srêk§ Verkoting van: usrêk. slamêtan bae.

b. Iya slamêt, yu, pandongamu.

a. Lawas lèhku pisah kowe, dhèk ijèh cilik nganti prawan kêncur, malah wis gadrug-gadrug, aku mèh pangling, saiki rupamu ayu, barêng ana Sala.

b. Ayu apa, yu.

a. Ayu tênan ki.§ Verkoting van: kuwi.

--- 24 ---

b. Iya sukur, nèk ora kowe sing nguyah asêmi (= ngalêm) sapa. Aku kiyi susah kêrêp didukani dara, diolok-olok wong desa ora bisa adang, aku bok kowuruki, adang kuwe kêpriye.

a. Adang bae nganggo anjaluk wuruk, sipat wêruh iya bisa niru, saking lèhmu ora rewesan.

b. Satêmêne iya ngono, kêpatuh ngêbuhake wong tuwa bae, coba saiki wurukana, tak anggite tênan.§ Verkoting van: têmênan.

a. Wong adang apa, nèk wis cêthik gêni, dandang diêntêpake, didokoki banyu limang siwur, kukusan dikumbah sing rêsik banjur ditrapake ing dandang, yèn banyu ing dandang wis umob, kukusane diwantoni (kasiram wedang saking ing dandang, supados wosipun botên sagêd krakêt ing kukusan) bêrase wis dipususi banjur disuntak ing kukusan, dikêkêbi, layane diêntêpi kuwali gêdhe isi banyu.

--- 25 ---

b. Kêtarane nèk wis arêp ngaru kêpriye.

a. Ditiliki, bêrase nèk wis kêkêl (= pulên) katon sumub (kêbul mêdal saking lambening kêkêb) kukusan dijunjung, bêrase dicidhuki ing enthong dilêbokake ing kuwali gêdhe kang wis ana ing layan iku sing diarani: kuwali, pangaron (van karu) diarani manèh: tapung karon, kuwaline ditutupi kêkêb.

b. Sasat digodhog ane.§ Verkoting van: arane.

a. Iya dhasar digodhog, nèk wis katon kêkêl, kuwali diêntas, didhêmake sawatara, kukusan diwantoni manèh, bêrase diunggahake ing kukusan, dicidhuki ing enthong, banjur ditutupi kêkêb nganti sumub, iku wis dadi sêga, ditumplak mênyang tumbu. Yèn panumplake diarah ora pêcah aran: tumpêng, pucuke aran: uncêt, tumpêng iku ginawe slamêtan, uncêt ginawe sajèn bayi lair, karo nèk ana bayi lara, diarani: êmong-êmong.

--- 26 ---

8. Ngliwêt

a. Kowe apa wis bisa ngliwêt.

b. Uwis, nanging sok kêlêmêsên, nèk anu kakasên, arang kêbênêran.

a. Takkandhani, nèk wis cêthik gêni kêndhil diêntêpake, banyune satêngah dhuwur, yèn arêp gawe sêga lêmês, babar§ akèh. dipangan, nyêgur adhêm, yèn arêp gawe sêga akas, nyêgur panas (toya ing kêndhil sampun umob) banjur dikêkêbi, yèn bêrase ditiliki wis katon mêdhok, banjur ditajini§ tajin, kenging kadamêl nyêkuli mori ingkang badhe kabathik, nanging bêtahan sarta dipun têdha tiyang sakit, wontên paribasanipun: lara wis ora kolu tajin. kang atus, nuli diêntêpake ing kêrên manèh, nèk wis katon sumub, diungkabi kêkêbe, sêgane diungkat ing solèt, cangkêming kêndhil disilêpi (katutupana ing godhong pisang) gênine diintir-intir, banjur kari prangangahe bae. Yèn silêpe [silê...]

--- 27 ---

[...pe] wis alum tètès banyune tôndha wis matêng banjur diêntêpake ing lêmah bèn adhêm dhisik, banjur dikêdhukêna dalah intipe, sêga sadhuwuring intip aran kênul.

9. Nyêrèt

a. Bocah nom, aja sok dhêmên dolanan tike,§ jajal-jajal nyêrè. nèk nyakot,§ nadhah nyêrèt. angèl pêdhot-pêdhotane.

b. Wis ora nyakot, sesa-sesa kêncênging atine.

a. Wong dikandhani: maido, anane wong kôndha: iya wis tau nglakoni.

b. Piye ta.

a. Dhèk aku isih nom, rak nyêrèt, banjur tak pêdhot, saprene wis luwih 15 taun.

b. Kawitane kowe nyêrèt, kêpriye.

--- 28 ---

a. Ora kênyanan, lan ora tak sêdyakake, mung saka dhêmênku gêgêmbyukan ngêmpyangi§ ngrujuki. wong nyêrèt.

b. Wong mung ngêmpyangi bae athik dadi nyêrèt, yèn ora dhêmên môngsa nyakota, iya pancèn ati arêp ulat madhêp.

a. Kowe aja ngèthèng§ ngrujuki. saka durung bae, yèn wis krasa kêtagihan, amêsthi bingung kudu nyêrèt.

b. Tandhane apa lagi ngêmpyangi bae, kêtagihan.

a. Tandhane awak lêsu kêpkêrêp. wahing, kapengin nyêrèt, yèn dituruti dadi tuman, awit awake mari lêsu lan mari wahing, iku yèn dilêstarèkake amêsthi dadi nyakot.

b. Kêpriye wong wis nyêrèt gêdhe bisa mêdhot.

a. Satêmêne yèn isih ana sing digawe tuku, utawa isih ana sing digadhèkake utawa didol

--- 29 ---

ora bisa mêdhot. Barêng tumênga sêpa, tumungkul sêpi, lagi mêtu tekade gêlêm mêdhot, iku yèn wong kang sumêdya bêcik, gêdhe atine wani ing lara utawa mati, nanging kang cilik atine wêdi ing lara utawa mati, banjur mêtu tekade ala, wani ngapus-apusi utawa nyênyolong, dadi durjana.

b. Saiki arêp tak marèni dhêmênku dolanan tike, wêdi nèk nyakot, sarta bangêt panrimaku marang kowe aku kotuturi.

10. Arêp Mantu

a. Kowe mau saka ngêndi.

b. Saka ngomah bae, anu apa takon.

a. Ora, aku mau arêp kongkonan mrana, nanging wurung, tak arah mêngko sore bae sêdhêng edhum, jêdhul kowe katon têka, ewon kêbênêran.

b. Ana gawe nèng apa, kowe arêp ngundang aku.

a. Anu, bab bakal gawene anakmu si bèng, saiki

--- 30 ---

wis cêdhak, mêntas tak etung mung kurang 50 dina kalakon, yèn sasine mono isih kurang 3 sasi, iki tanggal ping 10 Rabingulakir, gawene anakmu besuk tanggal ping 10 Jumadilakir.

b. Ora 50 dina kalakon, malah mung kurang 48 dina kalakon, awit sasi Rabingulakir lan sasi Jumadilakir umure mung nyangalikur dina.

a. O, iya, malah nèk dipèk petung saka umuring sasi, sarèhning sasi Jumadilakir kalakoning dina sing dipetung dinane sing ngarêp mung sapuluh dina, dadi bênêring petung isih kurang 49 dina.

b. Hê êh. Karêpmu kêpriye, aku kojak rêmbugan.

a. Karêpku, nèk bisa arêp tak rowa, wong anak mung siji, sarta olèhe ambuwangi§ motangakên pasumbang, ngajêng-ajêng wangsulipun. adhimu wong wadon, wis akèh.

b. Yèn bisa mono iya luwih prayoga wong duwe gawe gêdhèn, kajuwara ing akèh, balik sing digawe [di...]

--- 31 ---

[...gawe] gêdhèn, kudu pinikir dhisik. Kowe wis duwe dhuwit pira.

a. Wis tak sudhiyani, kaya-kaya ora dadi gawening sanak sadulur. Lan adhimu wis tandho bêras, lênga, utawa êndhog, êmbuh kèh sathithike, mêngko tak takonane sadhela. Bokne.

c. Anu napa.

a. Mrenea sadhela. Kakang pinarak mrene.

c. Punika wau punapa sampun dangu.

b. Lagi sawatara, kowe nuli diundang bojomu.

c. Wedangipun bok kaunjuk.

b. Iya.

c. Bakyu punapa sampun mantuk anggènipun kesah saking wetan.

b. Wis mulih, malah wis luwih satêngah sasi nanging banjur lèrèn, ora mêtu-mêtu mênyang padhasaran, plok kêndho wade iki, lèrèn olèhku ngêcap.

c. Sami kemawon, kêng rayi inggih kèndêl anggènipun ngêcap, kados sampun langkung sawulan. Mangsuli

--- 32 ---

bakyu anggènipun kesah mangetan, punapa botên ambêkta wade.

b. Ora, mung pêrlu nagihi potang kêkèrèn sathithik rong ithik, akèh sing isih sêmaya, dening kêndhone wade mau, mulane ulihe bakyumu prasasat ngalênthung mung cukup ginawe tambangan sêpur bae.

c. Dumugi ing pundi bakyu anggènipun mangetan.

b. Tutug ing Kadhiri, banjur mênyang Tulungagung.

c. Kula kapengin badhe tumut bakyu, jajal-jajal sadean wontên ing purug, tur sumêrêp jajahan.

b. Lah, bok iya nuli kolakoni, gene, mêngko kowe kabelan, yèn nujuane kêncêng, sasat nyaruki bae, tangguhên bubar panèn mèlua bakyumu.

c. Inggih coba kula ayonanipun.

a. Anu bokne, rawatanmu bêras lênga lan êndhog ana pira.

c. Uwose dèrèng kathah, sawêg angsal sadasa dhacin.

--- 33 ---

d. Kêrsa nêmpur, bokmas.

c. Lèrèna kono dhisik. Lisahe sadasa jêmblok, tigane sèwu.

a. Isih kurang akèh, bêrase ganêpana dadine 25 dhacin, lêngane 25 jêmblok, êndhoge têlu bêlah èwu (= 2500) nèk ana kurange gampang. Iwake kang bakal ginawe nonjok, besuk midhe bae, rak ijèh kurang 8 dina, ta, karo têmuning pangantèn, wong nonjok kuwi.

c. Ênggih.

a. Kurang rong dina ambêlèh§ têgêsipun: mragad maesa. siji, kurang sadina ambêlèh siji manèh, bèbèk pitik andadak-andadak bae, bisa milih kang lêmu-lêmu. Mêngkono bae kêpriye, kang.

b. Iya wis rujuk, aku.

c. Kula nuwun kangmas, kula badhe mêdal ngawis uwos.

b. Iya. Minuman, gula tèh, kayu arêng kowe jupuk mênyang ngêndi.

--- 34 ---

a. Aku wis duwe lêngganan, minuman mênyang Tuwan Likir, gula tèh mênyang Babah Kèki, kayu arêng mênyang pak Glondhong ing Bêton, janji yèn turah kêna ambalèkake.

b. Bêlehan saka ngêndi.

a. Aku arêp andadak bae tuku mênyang pasar Kartasura.

b. Sêdhêng pira.

a. Ayake loro sêdhêng.

b. Wis ta, bêlèhane aku, têmpuking gawe tak kirimne mrene.

a. Iya, nuwun.

b. Aku arêp mulih.

a. Bok mêngko-mêngko.

b. Wong arêp ana gawene, sesuk bae tak bali mrene manèh. Aku mulih, dhi.

c. Inggih kangmas, dêli (verkoting van dêlêngi).

d. Êngga mang priksani.

c. Iki bêras anyar, apa bêras lawas.

--- 35 ---

d. Dospundi ta, bokmas, wong bêras anyar kênyar-kênyar ngene digalih bêras lawas (clathu dhewe = ngunandika).

c. Aku kiye takon, saka ora dhèngêr.

d. Niki wose enggal, bokpêjah, ta.

c. Aja sêpata, aku ngandêl kandhamu, nanging bêrasmu durung pati putih, malah isih kêna diarani: tambar, putihe têmênan kudu disosoh manèh.

d. Niki rak êmpun nama uwos pêthak, bokmas.

c. Wong aku mung ngarani durung pati putih bae isih kowaoni.

d. Botên, êngga mang dhawahi ngêcrèk sakêdhap mawon, yèn botên mênthur kados salaka kula mangdukani.

c. Wis mêsthi bae, wong dibandhani kangelan, iya dadi putih têmênan sarta olèh pituwasing kangelan katul lan mênir. Bêrasmu kabèh bae sabagor kuwi ana pirang dangan.

d. Niki wau sêdantên wolung bêthakan dhusun, dados 32 bêruk.

--- 36 ---

c. Sadangan desa kêpriye, apa beda karo sadangan nagara.

d. Sanès, bokmas, sadangan nagari, 5 bêruk, dados sadasa katos, sadangan dhusun namung 4 bêruk, dados wolung katos.

c. Yèn olèh miring tak tuku kabèh, sabêruke kokculake pira.

d. Kula caosake kalih wang mawon, dados sabêthakane wolung wang.

c. Kathik kaya pacêklik, bêras sadangan desa nganti rêga wolung wang, ora olèh dene arêp ditukoni akèh.

d. Samang dhawuhi pintên, kula matur tawi.

c. Takparo bae kowe awèh, sadangane patang wang.

d. Kêsangêtên ta, bokmas.

c. Mulane aja larang-larang olèhmu têtawa, mundhak kadohên pêmbalap.

d. Êmpun ta, kula matur barès mawon, sadangane pitu tèng.

--- 37 ---

c. Ora suku bae, tak tuku kabèh, dadi patang rupiyah putih.

d. Ênggih ta, êmpun, mirah satak bathi sanak, dadosa lêngganan, kula caosake.

c. Êndi tak takêre dhewe, siji, loro.

d. Ampun mang oyog, lan ampun mawi endhong§ tangan kiwa nyêpêng bêruk, munjungi uwos langkunganipun dhawah ing tangan kiwa. tuwin nyathok§ tangan têngên nyaruk uwos, munjungi uwos malorodipun dhawah ing tangan têngên. mêngke mêjahake petang botên jangkêp 8 bêthakan.

c. Ora, mung salumrahe bae. Lah iki mung tinêmu 31 1/2 bêruk, kurang 1/2 bêruk.

d. Kula wau êmpun matur yèn panakêre mang oyog sarta mawi endhongan tuwin cathokan, mêjahake petang.

c. Iya wis, tak anggêp bênêr 8 dangan, nya dhuwite tampanana.

d. Ênggih, nuwun.

--- 38 ---

11. Sangkalan

a. Sumôngga saudara lajêng kemawon.

b. Inggih.

a. Manawi sontên, kula punika lênggah wontên ing ngriki, pados angin, bilih botên wontên tamu ngantos dalu sawêg lumêbêt ing griya.

b. Punika prayogi, sagêd angsal angin lumampah sarta sagêd anglêjarakên panggalih, manawi wontên ingkang kagalih sagêd wêning.

a. Saudara punapa karsa ngunjuk wedang tèh kalihan susu.

b. Kula mugi kaparingan wedang tèh tanpa puhan sarta tanpa gêndhis kemawon, puhan, kula botên patos doyan bilih dipun worakên kalihan wedang tèh, gêndhis, kula sawêg watuk.

a. Punapa eca ngunjuk wedang tèh tanpa gêndhis.

b. Inggih kirang eca, nanging tiyang sawêg wontên kalanipun botên dados punapa, malah tiyang ingkang sampun [sampu...]

--- 39 ---

[...n] nyakot dhatêng wedang tèh, botên doyan gêndhis sarta pandamêlipun wedang kêdah kênthêl.

a. Manawi kula botên doyan ngombe wedang tèh kandêl, rumaos kula kados ngombe jampi ingkang raosipun pait.

b. Sampun saèstu sanès tuwan, raosipun ingkang doyan ngombe wedang tèh kandêl, botên makatên, sami ugi kalihan manawi panjênênganipun tuwan ngunjuk jênèwêr, anggadhahi raos sêgêr sumyah, manawi kula kados ngombe jampi, kêjawi tilasipun kula idokakên, mawi kula gontor ing wedang.

a. Kasinggihan pangandika sampeyan punika saudara, dados sapunika kula sumêrêp ingkang nama eca punika cocoging raos, jêr kathah kemawon tiyang dhusun ingkang botên doyan martega, punika botên cocog kalihan raosipun, kosok wangsulipun tiyang Walandi karêm dhatêng martega, amargi cocog kalihan raosipun.

--- 40 ---

b. Kasinggihan pangandika sampeyan punika.

a. Sidin.

c. Kula.

a. Radên Ngabèi Sastrajendra, gawèkna wedang tèh sing rada kandêl, nanging aja kodokoki gula, mêngko yèn wis rampung ladèkna mrene, karo wedangku.

c. Inggih sandika.

a. Sampun ragi pêtêng saudara, suwawi sami ngalih dhatêng panyêratan kula.

b. Sumôngga.

a. Kula badhe nyuwun pitakèn malih bab sêngkalan, kalawingi sapêngkêr sampeyan manah kula lajêng pêtêng.

b. Punapa ingkang dados pêtênging panggalih.

a. Kula botên mangrêtos apalan sampeyan: rupa muluk karyaning wong, têka lajêng sagêd mastani kala taun 1401.

b. Inggih kados kala kula matur sangkalaning panggung sôngga

--- 41 ---

buwana: naga muluk tinitihan janma, kula inggih lajêng sagêd mastarimastani. kala taun 1708.

a. Punika kadospundi saudara, kula kapengin sagêd, pangetangipun kadospundi.

b. Punika kêdah sagêd dhatêng sêrat côndrasangkala lampahing pangetangipun majêng, saking ekan, lajêng dasan, lajêng atusan sarta lajêng ewon kados ingkang kula wicantênakên wau, kados ta: rupa muluk karyaning wong. Rupa: watak satunggal = ekan, muluk watak ical = dasan, karyaning watak sakawan = atusan, wong watak satunggal = ewon, dados sami kalihan 1401 wau.

a. Sêrat Côndrasangkala punika punapa mawi sêkar saudara.

b. Mawi, nanging sêratipun kula botên gadhah, kula aturi mundhut tumbas kemawon dhatêng kantor pangêcapan, kados botên awis.

a. Punika gampil, sêkaripun punapa.

--- 42 ---

b. Sêkar agêng nama Kusumawicitra lampah 12, pêdhotanipun 6. 6+6 x 2 = 24. 24x2 = 48. (Inggih punika gungipungunggungipun. wanda).

a. Angèl saudara sêkar agêng punika.

b. Botên tuwan, malah gampil, awit tanpa guru lagu, namung mical kathahing aksara, janji sampun sagêd lagunipun. Inggih lajêng sagêd ngungêlakên, sadhawah-dhawahipun kenging.

a. Kula badhe sinau sêkar agêng Kusumawicitra, sanès dintên kula sampeyan wuruki.

a. Prayogi, kula adhangan kemawon.

b. Sapunika manah kula sampun ragi bolong, namung sangkalan: karya, angsal dening punapa têka atêgês watak sakawan.

b. Angsal dening karti = karya, dene: karti, atêgês: toya sumur. Mantri, angsal dening tri, watak 3, panata angsal dening: tata, atêgês danawa watak 5, nanging: nata = ratu, kalêbêt ing watak 1 botên saking purba: tata, makatên pangrimbagipun.

--- 43 ---

a. Punapa saudara sumêrêp sangkala adêgipun karaton Jawi namung wiwit ing Majapait, sapiturutipun dumugi karaton ing Surakarta.

b. Sumêrêp, inggih ugi saking apalan kula ungêling sangkalan, kados ta: adêging karaton:

Majapait: rupa luhur mantrining ratu = 1301.

Dêmak, kados ingkang sampun kula aturakên, rupa luhur karyaning wong = 1401, sawênèh gêni mati siniram ing janmi = 1403, dados pinanggih gèsèh 2 taun.

Punika pundi ingkang lêrês.

Pajang: guna luhur tataning ratu = 1503.

Mataram: lèng wêlut margane bumi = 1539.

Kartasura: lir ngumbara ngrasani wani = 1600.

Surakarta: sirnaning swara rasa satunggal = 1670.

Sampun dumugi, tuwan.

a. Sangêt panarimah kula saudara, kula sampeyan sêrêpakên ingkang kathah-kathah.

b. Ingkang makatên punika bok sampun kagalih, kula [ku...]

--- 44 ---

[...la] malah taksih rumaos kapotangan, dèrèng sagêd nyaur kasaenanipun tuwan dhumatêng kula.

a. Sumôngga sami omongan lênggah ing jawi.

b. Sarèhning sampun dalu, manawi kêparêng kula nyuwun mundur kemawon.

a. Kula sumôngga, saha andhèrèkakên wilujêng.

b. Inggih, nuwun.

12. Môngsa

a. Ragi lungse rawuh sampeyan, saudara.

b. Inggih, amargi kêtamuan sadhèrèk saking Kudus, sipêng, sasampunipun kula sêgah nêdha: kula purih ngaso dhatêng pondhokan, lajêng kula tilar sowan mriki.

a. Manawi sawêg wontên pambênganipun, botên rawuh kemawon: sampun, panyuwun kula sasêrêpan punika nama pambèn, sakauripun sêlaning padamêlan [padamê...]

--- 45 ---

[...lan] utawi têngadur. Sadhèrèk sampeyan ing Kudus, dados priyantun punapa.

b. Dados mantri guru.

a. Mantri guru têka sagêd kêkesahan tilar kawajibanipun mulang murid, punapa pamit tirah amargi saking sakit.

b. Botên tuwan, punika kalêrês libur tanggal sapisan wulan Siyam.

a. Dintên punika wau punapa mêgêngan.

b. Inggih.

a. Saudara kalawau punapa inggih sowan, sarèhning dhawah dintên mêgêngan.

b. Botên, kaparingan liburan dening nuju siyam sapisan.

a. Punapa kalawau saudara inggih siyam.

b. O, inggih tuwan, siyam sataun sapisan ing dalêm sawulan punika, kalêbêt pikêkahing agami Islam.

a. Kula amrayogèkakên lêrês sampeyan punika, [pu...]

--- 46 ---

[...nika,] watêkipun tiyang mantêp dhatêng agaminipun têbih nandhang sangsaraning gêsang, ingkang kathah malah sami kacêkapan, sanadyan bôngsa kula têtiyang Walandi, inggih makatên ugi.

b. Sêdya kula namung anêtêpi wajibing manungsa: istiyar. Kula sampeyan lilani cucul rasukan tuwan, sumukipun sangêt.

a. Kula sumôngga, kula aturi lukar rasukan supados isis sawatawis, manawi kula botên sagêd, kêjawi cara kula botên kenging, botên kuwawi kenging ing angin, badan kula lajêng mrinding, lêpat-lêpat lajêng masukangin. Sapunika sampun môngsa pintên saudara, têka sumukipun sangêt.

a. Umuring môngsa, punapa sami kemawon kalihan umuring wulan.

b. Sanès tuwan, wontên kathah wontên sakêdhik, nanging akêkêmbaran ngandhap nginggil, kados ta: môngsa 1 = 12, sami ngumur 41 dintên, môngsa 2 = 11, sami ngumur 23 dintên, makatên sapiturutipun.

--- 47 ---

a. Kula mugi kasêrêpakên urut sarta ngumuripun môngsa satunggal-tunggal.

b. mênggah uruting nama sarta umuring môngsa wau makatên:

kasa ngumur 41 Dintên, karo ngumur 23 Dintên, katiga ngumur 24 Dintên, kapat ngumur 25 Dintên, kalima ngumur 27 Dintên, kanêm ngumur 43 Dintên, kapitu ngumur 43 Dintên, kawolu ngumur 26-7 Dintên, kasanga ngumur 25 Dintên, kasapuluh ngumur 24 Dintên, dhêstha ngumur 23 Dintên, saddha ngumur 41 Dintên, Gunggung umur 365-6 dintên

a. Pamirêng kula tiyang wicantên môngsa sadha, pangandika sampeyan: sadha.

--- 48 ---

b. Lêrêsipun saddha, saking petangan têmbung Kawi sad = nênêm, dha = pindho, dados 6x2 = 12.

a. Petangan Kawi punapa taksih kangge.

b. Taksih, ananging namung kangge wontên ing sêkar kemawon.

a. Kula badhe sumêrêp urutipun dumugi sadasa kemawon.

b. Makatên urutipun: eka, dwi, tri, catur, pônca, sad, sapta, dhêstha, nawa, dasa.

a. Lho, têka kathah ingkang mèmpêr kalihan petanganipun tiyang Walandi, saudara. Kados ta: een = eka, twee = dwi, drie = tri, vier = botên mèmpêr vijf = pônca, zes = sad, zeven = sapta, acht = astha, negen = nawa, tien = botên mèmpêr.

b. Vier punika kalihan petangan Jawi: papat, ragi mèmpêr.

--- 49 ---

a. Inggih, ragi mèmpêr. Punapa wontên tunggilipun malih têmbung: dha, utawi dho, kangge petangan sanès-sanèsipun.

b. Wontên, nanging namung wontên sawatawis, kados ta: samas = 400, dhomas = 800. Ngalap dho (malik tingal dhatêng gurunipun) maguru dhatêng ing sanès, kadho-kadho (môngga-manggu, manahipun pêcah kalih).

Dhocang (lawuhaplawuhan. warni kalih kadadosakên satunggal, kadhêle kalihan kacang) utawi ringkêsan saking kadhêle kalihan kacang. Layangan dhorangan, akèpèt kalih.

a. Mangsuli umuring môngsa saudara, punika wau sanadyan botên sami ngumuripun, nanging gunggungipun ing dalêm sataun sami kalihan gunggunganipun umuripun wulan Walandi, ing dalêm sataun inggih 365-6 dintên.

b. Lakar makatên tuwan, awit môngsa punika sayêktosipun petanganipun wulan têtiyang Jawi ing jaman kina,

--- 50 ---

kala taksih agami Budha, winastan: taun surya, dados sami kalihan petanganipun têtiyang Walandi inggih nganggè taun surya, santunipun têtiyang Jawi mantun ngangge taun surya, ngangge taun côndra kala jaman karaton ing Dêmak. Têtiyang Kawi santun agami Islam.

a. Kula sampeyan damêlakên uran-uranipun umuring môngsa, supados botêbotên. supe.

b. Mawi kaèngêt-èngêt rumiyin tuwan, manawi sagêd kêcandhak.

a. Sumôngga, kasambi kalihan êsês, botên wontên kasêsanipun.

b. Makatên: // kasa sadha kawan dasa siki / karo dhêstha tri likur ngumurnya / katêlu kasapuluhe / sami ngumur patlikur / kapat lawan kasanga sami / ngumur salawe dina / kalima kawolu / ngumur tu nêmlikur dina / kanêm lawan kapitu umure sami / kawan dasa têtiga //

a. Lah punika dene têka gampil kemawon.

b. Inggih manawi nuju kalêrêsan sagêd kamot ing dalêm [da...]

--- 51 ---

[...lêm] sapada, manawi dhawahing pada kirang langkung: inggih ragi angèl, kêdah kamanah dangu, ngringkês utawi ngulur têmbung, tarkadhang botên sagêd pinanggih, lajêng santun sêkar ingkang kinintên sagêd cèplês.

a. Sarèhning umuring môngsa ing dalêm sataun botên sagêd ajêg, dening môngsa kawolu ngumur 26 utawi 27 dintên, manawi badhe nyumêrêpi wuntu wastuning taun kadospundi.

b. Punika gampil kemawon, angkaning taun môngsa kabagea sakawan, manawi sagêd têlas dhawah wuntu, manawi nyikal 3,2,1, dhawah wastu, kados ta: sapunika taun Jimawal ôngka 1837, pranata môngsa 53: 4 = 13, nyikal 1, dados dhawah wastu.

a. Sagêdipun sumêrêp angkaning taun pranata môngsa saking punapa saudara.

b. Namung saking anênitèni, sapunika taun Jimawal ôngka 1837 (= 53), benjing taun Je ngajêng punika ôngka 1838 (= 54), makatên sapiturutipun [sapi...]

--- 52 ---

[...turutipun] mawi ngoyah-ngayuh dening umuripun taun pranata môngsa ing dalêm sataun 265-6 dintên, kacundhukakên kalihan umuring taun côndra 354-5 dintên.

a. Angkaning taun pranata môngsa têka kathah têmên kaotipun kalihan angkaning taun côndra sarta taun surya (Jawi Walandi) punika sabab dening punapa.

b. Amargi taun pranata môngsa bilih sampun angsal 128 taun, wangsul dhatêng ôngka 1 malih.

a. Môngsa punika cariyosipun mawi gadhah watêk saudara.

b. Inggih tuwan, manawi gadhah watêk, kangge angyêktosi manawi wontên jabang bayi lair, sagêd sumêrêp badhe kadadosanipun, kados ta: bayi lair nuju môngsa:

kasa ... wêlasan, karo ... crobo, katêlu ... kumêt, kapat ... rêsikan

--- 53 ---

kalima ... juwèh, kanêm ... lantip atine, kapitu ... cêngkiling, kawolu ... madya, kasanga ... barabah, kasapuluh ... laran atèn, dhêstha ... climut, saddha ... sêdhêng

a. Apalanipun mugi kadamêlakên pisan, saudara.

b. Inggih. // kasa wêlasan sêkar artati / karo carobo kumêt katiga / kapat rêsikan ma juwèh / kanêm lantip ing kalbu / kapitune tiba cêngkiling / kawolu tiba madya / kasanga swara sru (barabah) / laran atèn kasadasa / dhêstha acalimut ing têgêsirèki / sadha sêdhêng artinya //

a. Dados beda kalihan candraning môngsa ingkang kasêbut ing sêrat J.Z. II. 283-6 (Saridin).

b. Sanès, ingkang kapangandikakakên punika môngsa tijd ingkang kula aturakên punika môngsa watêk.§ watêk punika anggadhahi kaanan, inggih punika ingkang kados kanyataaning môngsa.

--- 54 ---

a. Ingkang nama môngsa wuku punika punapa saudara.

b. Môngsa kalih wêlas punika gadhah gandhengan piyambak-piyambak, kados ta: 1-7 eka sapta ing môndhasiya, 2-8 dwi astha ing tambir, 3-9 tri nawa ing prangbakat, 4-10 catur dasa ing dhukut, 5-11 pônca dhêstha ing kurantil, 6-12 sad saddha ing julungwangi.

a. Têgêsipun kadospundi saudara, kula botên mangrêtos.

b. Makatên, saupami sapunika môngsa kasa, dhawah wuku môndhasiya, benjing môngsa kapitu amêsthi dhawah wuku môndhasiya malih. Môngsa kalih dhawah wuku tambir, benjing môngsa kawolu inggih dhawah wuku tambir malih, makatên salajêngipun, dene apalanipun: // môngsa wuku ngasmarani / eka sapta môndhasiya / dwi astha tibèng tambire / tri nawa ing pêrangbakat / catur dasa dhukutnya / pônca dhêstha kurantil gung / sad saddha ing julungsêkar //

--- 55 ---

Sampun dalu tuwan, kula mugi kêlilan mundur.

a. Inggih saudara.

13. Pêlêm

a. Niki pêlêm napa.

b. Niku pêlêm gônda.

a. Napa dede pêlêm alas.

b. Bok dika ambu sing têtela.

a. Nèk ambune kaya pêlêm gônda, nanging nèk andêlêng gêdhene mèmpêr pêlêm alas.

b. Ngewuhake dika niku, pêlêm gêdhe disumêlangi, cilik dicacad cilike.

a. Botên mêkotên karêp kula, nèk pêlêm gônda kula ajêng tuku.

b. Ambune kêprèh pun gônda, napa alas.

a. Ênggih êmpun, ta, sêjinahe dika culake pintên.

b. Rowang, botên kêna kurang.

--- 56 ---

a. Tobat-tobat, napa ontên pêlêm gônda mawon cucuke sitok rêga sêgobang.

b. Pêlême sêpintên gêdhene, botên dika rasakake.

a. Sêjinahe anggutuk, napa botên olèh.

b. Têsih akèh.

a. Êmpun ta, gêlisan mawon, sêjinah karo tèng, dadi cucuke sitok karo sigar.

b. Dika ajêng tuku pintên.

a. Satus, ajêng kula kulakake mêlih.

b. Ênggih êmpun, ta, kula wèhake.

a. Pundi kula milih dika sokake saka ing sênik kabèh.

b. Tobil-tobil, pêlême ajêng dika pilihi sing gêdhe-gêdhe mawon, botên arêp caruk banyu§ agêng alit. kaya lumrahe wong tuku pêlêm atusan, êmpun botên sida mawon, sing kèri môngsa ontêna ajine.

--- 57 ---

a. Ênggih êmpun, ta, dika etungake satus mawon, pelinge sêjinah.

b. O, botên, botên, nèk nganggo peling, kaya tuku dhuku, gêdhene têng salak geyol§ salak alit-alit, raosipun sêpêt sangêt. patut ngangge peling sêjinah sitok, basa pêlêm saêndhas-êndhas maling, murungake wong.

a. Gih êmpun, ta, anjaluk imbuh mawon loro.

b. Dika apèk sing sêmburat kuning niku lêgi wangi.

a. Nêgi lho,§ ringkêsan saking: niki lho. dhuwite limalas wang dika widèni.

b. Ênggih êmpun ganêp.

a. Êmpun, ta, kari laris, kula ajêng mulih.

b. Ênggih.

14. Bulak Sipênthung

a. Dika ampun sok gluwah-gluwèh mlaku ijèn têng

--- 58 ---

nagara wayah bêngi liwat bulak Sipênthung (kilèn dhusun Windan, Kartasura).

b. Kula rak botên malaku ijèn, ontên barêngan kula wong loro, dadi wong têlu kula.

a. Barêngan dika wong lanang, napa wong wadon.

b. Môngsa wong wadon barêngan wong lanang bêngi-bêngi, ênggih karo wong wadon.

a. Lho, botên mêkotên êmpun dika jêrokake, ênggih barêngan karo wong lanang bojo dika, utawa sanak sadulur dika.

b. Lha, wong têmbung dika barêngan, têgêse: barêngan montên§ ringkêsan saking: mêkotên. rak karo wong liya, nèk bojo utawa sanak sadulur jênênge: ngêtêrake.

a. Ênggih kula sing luput, dika sing bênêr.

b. Napa kang tinêmu ing bulak Sipênthung.

a. Dhèk dhakkètên§ ringkêsan saking: mêkotên. bakul ing Sunggingan barêngan padha bakul wong loro, têlu dhèkne, niku dipênthung cêngêle, [cê...]

--- 59 ---

[...ngêle,] sanalika mati, gêgawane wade dalah sandhangane diblèjèdi, mung kari klambine thok, digawa mlayu, barêngane bakul sing loro botên wani têtulung, wêdi padha lumayu golèk urip dhewe-dhewe.

b. Tobat-tobat, lah wonge sing dipênthung napa sida mati.

a. Botên, suwe-suwe urip krasa wuda ambalêjêt, klambine banjur dipocot ginawe tutup murat, kasêlak priyayi gunung têka têtulung saka lapuring bakul loro sing padha lumayu wau.

b. Dadi yèn mung barêngan padha wadon mawon, sanadyan luwih wong loro ênggih tanpa gawe, awit durjana botên wêdi karo wong wadon.

a. Dhasar mêkotên.

b. Bakul suruh Kartasura nèk têng nagara, niku barêngan karo wong lanang kang adol jêjanganan wêtuning pakêbonane, kaya ta: gori, kacang, ceme sapêpadhane, niku botên barès, mangkat bêdhug bêngi, ontên [o...]

--- 60 ---

[...ntên] dalan saênggon-ênggon lèrèn turu, têkan nagara byar, mulane kula wau nêsu dika arani barêngan karo wong lanang.

a. Kula niki mung tutur satêmêne mawon, rèhne kula êmpun bêcik karo dika.

b. Panggonan sing gawat mêlih pundi.

a. Sumurup kula ênggih mung bulak Sipênthung niku, amarga ngetan ngulone adoh desa.

b. Saniki kula wêdi liwat bulak Sipênthung ing wayah bêngi nèk botên ditêrake pakne thole.

a. Dika saniki anggawa wade napa.

b. Ômba, ontên, congok gih ontên.

a. Kêmbên, napa botên gawa.

b. Anggawa mung loro, nanging kêmbên alus.

a. Kêbênêran, sing kula golèki inggih kêmbên alus, dêli§ ringkêsan saking: dêlêngi. rupane.

b. Dawêg, sing latar putih niki rêgane limang rupiyah, sing latar irêng: patang rupiyah.

--- 61 ---

a. Wa, larang têmên, dagangan dika.

b. Mêsthi mawon larang, wong bathikan karaton, dhasar sogane kêbênêran anyar wong matêng.

a. Sing latar putih niki arane bathikan napa.

b. Kandhane sing duwe, brênjilin.

a. Sing latar irêng.

b. Niku jlêgut grudha.

a. Kula ênyange, dika ampun nêsu.

b. Dika ênyang.

a. Tiba paro, karo pisan kula tuku.

b. Têsih tangèh.

a. Ta, êmpun gêlisan mawon, sing latar putih: kapat têngah, sing latar irêng saringgit, kêmbên loro dadi nêm rupiyah.

a. Kula tarèkne têng sing duwe dhisik, besuk Pon kula rak kêtêmu dika mêlih ontên pasar Ngasêm, ta.

b. Dèrèng karuwan kula têng Ngasêm, bêcike dika janggêlake mawon dhisik, kula wèhi dhuwite nêm rupiyah, nèk botên awèh, sesuk dika têng omah kula,

--- 62 ---

ambalèkake dhuwit, kula ambalèkake wade, nèk dika botên bali tôndha êmpun awèh, kêmbên êmpun kêna dianggo.

a. Ênggih mêkotên mawon bêcik.

b. Lah niki dhuwite nêm rupiyah dika widèni.

a. Êmpun gênêp. Dêngarèn dika wani tuku wade bathikan karaton sing rêgane larang, adate dika nèk tuku kêmbên: cap-capan mawon.

b. Satêmêne ajêng kula gokake anak dika sibèng, nèk slamêt sasi Bêsar ngarêp niki ajêng kula omah-omahake.

a. E, lha, kêjaba ta, bakal dika anggokake ing pangantèn, olèh pundi anak dika.

b. Olèh anake kang Sônggala§ ringkêsan saking: Rêsamênggala. bêkêl ing Kapanasan sing pambarêp.

a. Sukur ta, sukur, dene olèh anak bêkêl sing bakal anggêntèni kalungguhaning bapa, layake melik kasugihan dika, niku.

--- 63 ---

b. Sugih napa, nèk sida ênggih êmpun pêsthine, jodho botên kêna ginawe ing manungsa, paribasane ontên: kêlêtana gunung, kalangana sagara, nèk êmpun pêsthi jodhone ênggih tinêmu gampang. Pijêr ngucimil mawon kula niki wau, êmpun ta, kula mulih.

a. Ênggih. Lho niki wadene botên dika gawa.

b. E, tobil-tobil, lalèn têmên aku kiyi. Tujune dika elikake.

a. Kèria nika napa dadak ilang.

b. Lho, botên ngotên, kula rak dadak ambalèni mriki mêlih. Êmpun ta.

a. Ênggih. Lha niki payung dika botên dika gawa.

b. Astagapirullah, athik ana wong lalèn kaya aku.

15. Glidhig

a. Samang mangke nyambut damêl têng pundi, kang.

--- 64 ---

b. Lha, kowe sirmu glidhig mênyang ngêndi.

a. Sir kula ajêng ngalih têng Pacinan, botên têng Kauman, ture bayarane kathah.

b. Kathahe pira.

a. Tigang kêthip, nèk têng Kauman ming sêtangsul, dadose kaot nêm dhuwit.

b. Wong ora korasakake bae, golèk undhakan bayaran nêm dhuwit, awakmu sayah satêngah mati.

a. Napa wong glidhig mawon ontên kaote, ing Kauman ngudhak labur mikul banon, ing Pacinan ênggih mêkotên.

b. Bênêr padha bae, nanging ing Pacinan ora bisa lèrèn, tansah ditunggoni sarta digêrêgake marang Cinane sing dandan-dandan, saka suthike rugi, ing Kauman kêpriye, nyambut gawe mung sakapenake, sing duwe omah arang-arang niliki, pêrlu nyambut gawe liya, nèk aku wis ora doyan bae nyambut gawe mênyang Pacinan, gêdhene mênyang loji.

--- 65 ---

a. Glidhig têng loji napa ênggih ditênggani Landine.

b. Ora, nanging nganggo mandhor, saya abot manèh tinimbang karo glidhig mênyang Pacinan.

a. Mandhore rak ênggih tiyang Jawi ta.

b. Iya Jawa, nanging kowe apa pangling watêke bangsamu dhewe wong Jawa, sabên duwe kuwasa sathithik bae, iya banjur thukul dakdire,§ Verkoting van: ladak en êdir. tarkadhang sok gêlêm anggêbug.

a. Bok malêbêt galidhig têng karaton mawon, kula tumut.

b. Sirmu glidhig mênyang karaton, apa gampang.

a. Padamêlan galidhig mawon athik nganggo angèl, sing angèl napane.

b. Wong ora wêruh dikandhani dadak ngèthèng, wong mlêbu glidhig marang karaton kudu nganggo bêkti mênyang mandhore.

a. È èh, sing didamêl bayar bêkti mawon napa, tiyang ditêdhi sadintêne mawon mêgap-mêgap. [mêgap-...]

--- 66 ---

[...mêgap.]

b. Bayarane sabên dina dipotang saparo apa sapratêlon, mawa-mawa janjine, nganti sapundhating petunge kèhing bêkti kasaguhane.

a. Napa saking kathahing bayaran ngungkuli bayaran sanès-sanèse.

b. Daya deye, iya mung sêtali têlung wang, tur isih dipotong mandhore têlung dhuwit, dadi tampane kari pitu likur dhuwit.

a. La, sing dikedani mawon napane, bayarane mung limrah mawon, tur dipotong têsih mawi bêkti.

b. Takkandhani wadine, nanging aja kôndha-kôndha mênyang sapa-sapa, glidhig ing karaton iku prasasat dolan, nyambut gawe mung sakapenake bae, wah prênca ênggone, anggarap pagawean tambal sulam ora ana pêdhote, tarkadhang bisa nyambi, disambat ngusung barang utawa pagawean liyane, olèh opahan, sawênèh ana malêbu glidhig sawuse kawruhan ing mandhore banjur andhêlik turu dening awake lêsu utawa kurang kapenak, katon-katon [katon-ka...]

--- 67 ---

[...ton] barêng arêp tômpa bayaran ing wayah sore. Yèn ditakoni, ora katon-katon, diwangsuli nyambut gawe ana ing pungkuran, apa ing bandêngan, iya wis narima.

a. O, la, niku sing dikedani wong glidhig, nanging upamine kula, kok ajrih têng manah dhêg-dhêgan.

b. Wong durung nglakoni iya mêngkono, ayo mênyang Kauman bae manèh.

a. Êngga.

16. Sèlèh

a. Kula nuwun.

b. Lho, kowe kang, mlêbu mênyang nagara ora kalawan tak undang. Apa ana gawemu.

a. Wontên pêrlu kula sakêdhik, mangke kula matur. Punika wau bal sampeyan rencangan ambêktani angsal-angsal liwêtan wos las-lasan tunpantun. gagi sakêdhik, kalihan ulig tuwin tigan pindhang dados sarêmbag, dados sabêkti kula ing kiyai lurah.

--- 68 ---

b. Iya kang, bangêt panrimaku, koolèh-olèhi, pikulane konên ambacutake bae mênyang buri. Angkatmu saka ngomah wayah jam pira.

a. Enjing wanci lare ngucul.

b. Rêmên têmên lakumu, têkan nagara sore.

a. Mawi kèndêl wontên ing Kaworan, dangu, ngêntosi têranging jawuh lèpènipun bêna, mila dhatêngipun ing nagari ngantos sontên.

b. Nagara ora udan, mung grêmis sawatara.

a. Ing Kaworan dêrês sangêt jawuhipun, radosan rêsak ngantos dados leleran, blêdhèg nyambêr-nyambêr kèpèl kula ucul mêdhot saking cancangan, tujunipun lajêng kenging kacêpêng.

b. Saiki wis môngsa kasapuluh têka isih ana udan gêdhe.

a. Kêkirangan kiyai lurah, punapa punika ingkang dipun wastani jawah salah môngsa.

b. Manawa, saiki wong sêsawah kêpriye.

a. Tiyang sêsabin badhe damêl gadhangan gabên manahipun mangu-mangu, [mangu-...]

--- 69 ---

[...mangu,] anggarap sabin, ajrih jawah badhe botên angsal kênthengan, botên garap sabin, sumêlang manawi kasèp.

b. Kowe dhewe kêpriye.

a. Sarèhning kathah blilêt kula, namung badhe miturut punapa ombakipun ing kathah kemawon, anggarap inggih tumut anggarap, kèndêl inggih tumut kèndêl.

b. Ara-aramu si wera apa wis kêna digarap.

a. Kagungan sampeyan awis-awis pun wera, dèrèng kenging kagarap sadaya, sawêg kenging kagarap pak alit mara ingkang saibên, sanèsipun taksih kêtêl tuwuh kambêngan, tiyang comprèng kuntên, abdi sampeyan kuntên namung tigang glintir sami mêrlokakên garap sabin.

b. Ditanduri apa, ara-ara mung saidu.

a. Dipun tanêmi kadhangsul kalihan watêsan, nanging bilih sampun sêpah kêdah katêngga.

b. Upama kiwa têngêne ditanduri gêdhang, kêpriye.

--- 70 ---

a. Bilih kanan kèntênipun dipun tanêmi pisang inggih sagêd mêdal, nanging wahipun botên uman dipun têdha ing bujêngan wana.

b. Buron alas apa ana kang wani sikara marang manungsa.

a. Bilih botên kêpèpèt ajrih sikantên dhatêng tiyang.

b. Wong nandur gêdhang iku sanadyan ora uman wohe godhong-godhonge iya isih lowung didol mênyang pasar.

a. Ujungan pisan ing dhusun botên pajêng kados ing nagari, watêkipun tiyang tanos bilih dipun taros kesah têbah namung ambêkta ron, botên purun, dipun pilalah ngasag. Kula nuwun, kiyai lurah, sowan kula punika sarèhning kula sampun sêpah manawi kêlilan kula badhe timpuh alihan sèlèh kalênggahan dhatêng anak kula jalêr pambajêng pun Tuhukarya, kula namung badhe ngawat-awati saking wingking kemawon.

b. Pancène karêpku ora mêngkono, yèn aku wis sèlèh kalungguhan marang anak, kowe iya [i...]

--- 71 ---

[...ya] nuli sèlèha kalungguhan marang anak kaya aku, tuwa padha tuwa, nom padha nom, jêbul kowe malah andhisiki.

a. Tiyang ngumur kula sampun 75 taun, kiyai lurah sawêg mantas tumbuk 64 taun 65 lumampah, kaot 10 taun botên sagêd sami kêkiyatanipun.

b. Iya ta, ora ana pakewuhe, wong wis bênêre bapa sèlèh kalungguhan marang anak, apa kowe wis miranti kang dadi sarat-sarate.

a. Dèrèng, manawi kêlilan kula rampungakên benjing bakda kemawon, sarêng kalihan pambayar kula paos, sapunika sawêg matur cêcala, utawi manawi kapundhutan sêsirah kula sampun sadhiya.

b. Ora susah nganggo sêsirah yèn saiki durung bisa, bêcik besuk bakda bae pisan, dadi tampaku dhuwit sabrês, kêna dijèrèng nyampêti kabutuhanku, wis ta, ngaso-ngasoa mênyang pondhok, sesuk bae yèn aku wis tangi, muliha.

--- 72 ---

a. Inggih sandika.

b. Jaranmu byukana rapèn bae wis, rapène jaranku isih bêcik, ora susah kotukokake sukêt.

a. Inggih.

17. Padu

a. Cangkêmu gatêl sadina-dina, ngandhakake alaning wong, sing ngopahi kowe sapa, he.

b. Aku ora rumasa muni ala nyatur bathangmu, tak gawe apa, ora susah tak catur alamu wis mambu blarongan dhewe.

a. Kowe selak, sing kôndha mênyang aku ana, jare aku andhêmêni sadulurku dhewe.

b. Nyata apa ora, athik nganggo pacicilan, kaya diwêdènana mana.

a. Ora rumasa, aku dudu khewan.

--- 73 ---

b. Bênêr nèk awan, nanging nèk bêngi durung karuwan, rak ora ana gêni tanpa kukus.

a. E, e, mêngkono unimu, apa matamu wêruh dhewe olèhku dhêmênan.

b. Kok anèh unimu, sanadyan aku wêruha olèhmu kruntêlan ana ing sênthong, kowe iya isih bisa selak, apa aku wêruh lêbu wêtuning dakarmu, niyat edan-edanan.

a. Apa aku edan.

b. La, kowe dhewe kêpriye, edan, apa waras, aku mono mung sak nonton, sukur bisa wêruh cêmpene.

a. Dudu uwong, unimu anggrêgêtake ati, nèk nyata lanang mêngko bêngi mêtua.

b. Mêtu mênyang ngêndi, lan dening saka ngapa aku gêlêm kêrêngan karo kowe, kajaba nèk sadulurmu wadon kêna dibage loro karo aku, aku iya gêlêm tabokan karo kowe, sapa sing mênang ana kukupane, nèk kêrêngan tanpa toh aku gêmang.

--- 74 ---

a. Sakarêpmu, nganggo toh aku iya wani.

b. Apa wis kotari ta adhimu, yèn aku kêrêngan karo kowe, kowe kalah gêlêm tak pèk, nèk karo kowe mono wis gênah gêlam-gêlêm bae.

a. Sida edan kowe, unimu saya anggrêgêtake ati.

b. Sing edan kowe, aku waras, tandhane adhimu kodhêmêni.

a. Aja gloyam-glayêm unimu, tak têmpiling êndhasmu, kasèp.

b. Ditêmpiling kêpriye, aku môngsa gêlêma, ênggonku nanduki sêmbrana mau, ora saka wêdiku marang kowe, wani bangêt, rangkêpa pat sing kaya dhapurmu, tak pisake bae, yèn mung kowe dhewe, majua sasuthangmu, amêsthi mung dak gawe dolanan, apa kowe ora kulak warta adol pangrungu yèn aku bisa main tangan.

a. Ora bêrduli wong bisa main tangan, aku ora wêdi, môngsa ambalèkna kêrisku, ora.

--- 75 ---

b. Sida edan têmênan kowe kuwi, sing kowanèkake bae apamu mênyang aku, wong dieman malah andadra, upama aku gêlêm kêrêngan karo kowe, iku aku sasat mungsuh wêdhus, aku isin, tuju mênang kêrêngan karo wêdhus, dene tibaning kêrismu bisa makan tuwan marang wêtêngmu dhewe, wêtêngku môngsa aweha kosuduk.

a. Cocotmu bisa muni sing anggrêgêtake ati, nanging wêdi mati, jirèh kêrêngan.

b. Bênêr unimu kuwe, aku wêdi mati, kowe sing wani sarta aku jirèh kêrêngan, kowe sing kêndêl. Coba aku tabokên lirih-lirihan, sukur rada sêru.

a. Pêcah ndhasmu (dipun kayang panabokipun nanging lêpat dening dipun indhani, malah sirahipun kenging dipun dêmèk ing èpèk-èpèk).

b. Taksêrokna êndhasmu amêsthi mumêt, nanging ora aku nrima koarani kalah bae. Wis aku mulih, kariya slamêt karo sadulurmu wadon, sarta nuli mêtonana cêmpene.

--- 76 ---

a. Edan, balia.

b. Ora, ambacut bae, karo sangonana waras.

18. Jagong

Basa kadhaton punika kalêbêt ewonipun basa madya, dening ngangge atêr-atêr sarta panambang N. nanging 1 ste sarta 2 de pers mawi undha-usuk, kados ta:

mara, para, sasami-sami.

manira, pakênira, inggil-inggilan dhatêng andhap-andhapanipun.

ulun, paduka, kosokwangsulipun ing nginggil, andhap-andhapan dhatêng inggil-inggilanipun.

kula, ijêngandika, madyaning basa kadhaton. Dadosipun basa kadhaton kêdah kalihan pamoring basa krama ingkang dipun ewahi pakêcapanipun, (punapi) tuwin pamoring têmbung kawi miring (wanita) dene basanipun kadhaton piyambak namung sakêdhik sangêt, (bêsaos) nanging sapunika sampun botên kangge, [kang...]

--- 77 ---

[...ge,] ingkang taksih ngangge namung abdi dalêm anggandhèk, gamêl sarta surati, punika namung bilih wontên ing ngarsa dalêm, sanès-sanèsipun abdi dalêm, namung nganggè basa krama kemawon.

Upami:

a. Benjang ari Soma Manis, para punapi andêdêgi pikramane sutane wanita adhi Ngabèi Dutapralêbda.

b. Lamun basuki mara ênggèh umara, nanging wismane enggal puniki mara dèrèng gonah.

a. Boya ngalih maksih pèntên ing kampung Gandhekan kapan bêsaos, lèr margi cakêt kalihan wismane lama.

b. Benjang lamun siyos andêdêgi, mara ampiri.

a. Ênggih, wanci tabuh nêm mara dhatêng ngriki.

INHOUD

... Blz

Inleiding ... 5, 1. Nawu of Mêlut ... 9, 2. Bênthik of Tor ... 10, 3. Ngantih ... 16, 4. Tandur ... 17, 5. Dêrêp ... 19, 6. Pari ... 19, 7. Adang ... 23, 8. Ngliwêt ... 26, 9. Nyêrèt ... 27, 10. Arêp Mantu ... 29, 11. Sangkalan ... 38, 12. Môngsa ... 44, 13. Pêlêm ... 55, 14. Bulak Sipênthung ... 57, 15. Glidhig ... 63, 16. Sèlèh ... 67, 17. Padu ... 72, 18. Jagong ... 76