Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688 (Hlm. 001-127)

Katalog:Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688
Sambung:
1.Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688 (Hlm. 001-127). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #895.
2.Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688 (Hlm. 128-277). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #896.

Pèngêtan Rêmbag Radyapustaka Bab Panyêrat Kasusastran Jawi Kabiyantonan para Komisi 5 Golongan

--- 0 ---

Pratelan kawontênan isinipun buku punika:

Purwaka, gambaripun para kumisi 5 golongan.

Ôngka 1 ... Kaca 1 ... Presidhèn, amratelakakên parêpatan ing dalu punika, rampunging rêmbag Radèn Ngabèi Dutadilaga, kautus dhatêng Paku Alaman matur ijêman.

Ôngka 2 ... Kaca 2 dumugi 5 ... Mas Ngabèi Prawira Atmaja, mratelakakên ingkang karêmbag, bab Kasusastran Jawi, benjing kaping 29 Oktobêr 1922.

Ôngka 3 ... Kaca 2 dumugi 7 ... Sêratipun Pahêman Radyapustaka, katur pangagênging parentah karaton ngintunakên rancangan, ciri ôngka 92.

Ôngka 4 ... Kaca 8 dumugi 9 ... Wêwaton pamanggihipun Pahêman Radyapustaka, bab kasusastran.

Ôngka 5 ... Kaca 10 dumugi 12 ... Rêmbag kasusastran ingkang sampun kaputus ing parêpatan.

Ôngka 6 ... Kaca 13 dumugi 16 ... Pahêman Radyapustaka badhe kangge ajang kumisi angrêmbag kasusastran Jawi, dalah lampahan tatanan, majibi pasrèn saha among tamu.

Ôngka 7 ... Kaca 17 ... Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur wisesaning Pahêman Radyapustaka, ngaturakên rancangan sawatawis kasusastran Jawi.

Ôngka 8 ... Kaca 18 ... Sêratipun pangrèh agêng Kwik Sêkul Bon, ngaturakên rancangan cêkakan bab kasusastran Jawi.

Ôngka 9 ... Kaca 19 dumugi 23 ... Pamanggihipun wêwakiling Kwik Sêkul Bon bab kasusastran Jawi ingkang prayogi kangge jaman sapunika.

Ôngka 10 ... Kaca 23 dumugi 25 ... Katrangan pamanggihipun ingkang kautus komisi pangagênging parentah karaton, ingkang badhe karêmbag ing Pahêman Radyapustaka.

Ôngka 11 ... Kaca 25 dumugi 26 ... Cathêtan namanipun ingkang sami kawakilakên dados liding komisi.

Ôngka 12 ... Kaca 26 ... Cathêtan, pêrgadring, ngrêmbag kasusastran Jawi, nêtêpakên pangagêng (presidhèn) Mas Wadana Dwijasewaya murwani rêmbag, sarta angrêmbag badhe damêl wordhênlis wanci kèndêl jam 9, pêrgadring kabikak dening wisesa saha gêlarakên sêdyaning Radyapustaka, anggènipun damêl komisi.

Ôngka 13 ... Kaca 29 dumugi 31 ... Mas Wadana Dwijasewaya, mratelakakên lampah-lampahipun ingkang badhe karêmbag, sampun karancang urutipun.

Ôngka 14 ... Kaca 32 ... Para lid lajêng kèndêl, wanci jam 1, namung 10 mênut sarta para ningali sami kagambar wontên topengan.

Ôngka 15 ... Kaca 32 dumugi 34 ... Sampun 10 mênut Mas Wadana Dwijasewaya murwani rêmbag malih dumugi satêngah kalih.

--- 0 ---

Ôngka 16 ... Kaca 34 ... Pêrgadring katutup, wulan Dhesèmbêr kadumugèkakên ngantos rampung, W. G. Nitipraja, èsmu tani.

Ôngka 17 ... Kaca 35 ... Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur pangagênging parentah karaton, ciri ôngka 123.

Ôngka 18 ... Kaca 36 dumugi 38 ... ôngka 297/3 na I. sêrat konjuk saandhap sampeyan dalêm.

Ôngka 19 ... Kaca 39 ... ôngka 300/3 na I. Sêratipun pangagênging parentah karaton, dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka.

Ôngka 20 ... Kaca 40 dumugi 41 ... ôngka 133, sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka katur utusaning parentah karaton.

Ôngka 21 ... Kaca 42 dumugi 85 ... Pêrslah pêrgadring dintên Akat tanggal kaping 29 Oktobêr 1922, wontên ing Panti Pangagsi, wanci jam 2.15 parêpatan kabibarakên.

Ôngka 22 ... Kaca 86 dumugi 89 ... Akat kaping 31 Dhesèmbêr 1922, Jumadilawal, Jimawal 1853, Pahêman Radyapustaka dumugèkakên ngrêmbag kasusastran Jawi, jam 11.12 pêrgadring katutup.

Ôngka 23 ... Kaca 89 dumugi 95 ... Akat enjing jam 1/2 10, pêrgadring kabikak, saha lajêng angrêmbag jam 1 1/4 pêrgadring katutup.

Ôngka 24 ... Kaca 96 ... Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka ôngka 94, katur utusaning paprentahan karaton dalêm Surakarta, angrêmbag kasusastran Jawi.

Ôngka 25 ... Kaca 97 dumugi 98 ... Sêratipun utusaning paprentahan karaton dalêm Surakarta, katur wisesaning Pahêman Radyapustaka, angrêmbag kasusastran Jawi.

Ôngka 26 ... Kaca 98 dumugi 118 ... Pèngêtan purpêrgadring kumisi kasusastran, ngrintênakên Akat kaping 30/31 Dhesèmbêr 1922, manggèn griya musiyum Sri Wadari jam 10 pakêmpalan bibar.

Ôngka 27 ... Kaca 118 dumugi 169 ... Pèngêtan kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi ingkang kaping kalih, Akat kaping 11 Jumadilawal, Jimawal 1853 kaping 31 Dhesèmbêr 1922 manggèn griya musiyum Sri Wadari.

Ôngka 28 ... Kaca 170 dumugi 171 ... Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, ôngka 232 katur utusaning parentah karaton [ka...]

--- 0 ---

[...raton] dalêm Surakarta, kumisi agêng ngaturakên pratelan karampunganing pangrêmbag dalah katranganipun wêwaton panyêrating têmbung Jawi.

Ôngka 29 ... Kaca 172 dumugi 204 ... Karampungan pangrêmbagipun wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi.

Ôngka 30 ... Kaca 205 dumugi 208 ... Sêratipun utusaning pangagênging parentah karaton, katur wisesaning kumisi angrêmbag panyêrating têmbung Jawi.

Ôngka 31 ... Kaca 209 dumugi 234 ... Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka ôngka 98, dhumatêng para liding kumisi kasusastran, bab Radyapustaka nampèni sêrat saking Dhepartêmèn pan ondêrwis, kanthi panêmbang saking upprêdhaktur Bale Pustaka, katur partêmèn.

Ôngka 32 ... Kaca 248 ... Sêratipun utusaning pangagênging parentah karaton, katur wisesaning Radyapustaka, katitimasan kaping 31 Marêt 1924, ôngka 98 sakanthinipun sampun sami kasumêrêpan.

Ôngka 33 ... Kaca 250 ... Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, ciri ôngka 94, katur utusaning paprentahan karaton dalêm Surakarta, angrêmbag kasusastran Jawi, bab ngaturakên nutilên purpêrgadring kala kaping 29 Dhesèmbêr 1922, sarta nutilên parêpatan kumisi kasusastran kala kaping 30 Dhesèmbêr wau.

Ôngka 34 ... Kaca 251 ... Pèngêtan karampunganipun angrêmbag kasusastran Jawi sapisan.

Ôngka 35 ... Kaca 259 ... Pèngêtan parêpatan kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi kaping kalih.

Ôngka 36 ... Kaca 277 ... Sêratipun utusaning paprentahan karaton dalêm Surakarta katur wisesaning Pahêman Radyapustaka.

--- 0 ---

Kumisi 5

Gambaripun para kumisi 5 golongan ingkang sami angrêmbag bab panyêratipun kasusastran Jawi.

--- 1 ---

1. Nalika malêm Sênèn tanggal kaping 23 Oktobêr 1922, Pahêman Radyapustaka wontên ing Musiyum Sri Wadari, wanci jam 1/2 8 presidhèn amratelakakên parêpatan angrêmbag kasusastran ing dalu punika, sadèrèngipun angrêmbag, maringi sumêrêp tampinipun sêrat saking kadipatèn Paku Alaman mratelakakên sarèhning abdi dalêm ing Paku Alaman wêkdal sapunika dèrèng wontên ingkang sagêd dhatêng lêrêsing kasusastran, mila badhe têmpuking damêl angrêmbag kasusastran, abdi dalêm ingkang kautus namung badhe mirêngakên kawontênanipun ing rêmbag kemawon, bab punika lajêng karêmbag, punapa dipun tampi kemawon, punapa katêrangakên ingkang nama komisi kalihan ingkang namung ningali punika beda, komisi gadhah rêmbag sarta swara, ingkang namung ningali, botên gadhah rêmbag sarta swara, karampunganipun Radèn Ngabèi Wôngsadilaga kemawon kautus dhatêng Paku Alaman matur ijêman.

--- 2 ---

2. Mas Ngabèi Prawira Atmaja lajêng mratelakakên ingkang badhe karêmbag, bab kasusastran Jawi, benjing tanggal kaping 29 Oktobêr 1922.

1. Na gondhèl, tuna, wani, badhe botên kasêrat tunna, wanni, awit watoning mèdhêk lingkêr ingkang karangkêp, punika mêndhêt saking Sangsêkrit, kados ta: buddhi, têkka, (tka) nanging ing ngriki namung na, ingkang karangkêp, sapunika supados gampil panyêratipun, sarta sagêd sami ing ngrika-ngrika, inggih namung kasêrat tuna, wani, annyar, sanadyan ing ngajêng witipun saking annyar, nanging sapunika inggih kasêrat anyar kemawon.

2. Dwipurwa. Ing Surakarta nyêrat tutuku, saking lingga tuku, ing ngrika-ngrika tatuku, kapêndhêtakên saking tanggap na: tinnatuku, tinna dados ta, lajêng lingganipun tuku.

3. Pasangan: dha, tha, dados pasanganing Na lan Sa murda, kados ta: kaNdhi, kaNthi, puSdhara,

--- 3 ---

hèSthi: pasangan ca, ja, dados pasanganing nya lan Sa, talawya, kados ta: wanyci, panyji, paScima, maSjid, punika kalêstantunakên.

4. Aksara Na lan Sa murda, manawi ing ngajêng wontên aksaranipun ingkang kalayar, kêdah wêtah murda, kados ta: warNa, karSa. Awit, Na lan Sa punika sami aksara ilat, dados tunggil warga lan aksara ra, utawi layar.

5. Dayasastra, inggih punika aksara da, dha, ja, ga, ba, ingkang tanduk kêdah kawêtahakên mawi atêr-atêr, kados ta: andêlêng, aNdhodhok, anyjambak, sapanunggilanipun, ingkang têmbung aran, namaning nagari, kitha, dhusun, mawi: ing: kenging, botên inggih kenging, kados ta: ing BaTawi, BaTawi, ing bayalali,Bayalali (dan di tempat lain). bayalali, sasaminipun.

6. Têmbung nigang wanda: nagara, wadana, mannawa, panyêratipun purwaning lingga kêdah nglêgêna, botên kasêrat nêgara, wêdana, mênnawa, namung pakêcapanipun [pakêcapanipu...]

--- 4 ---

[...n] kemawon kapêpêt.

7. Aksara rekan, kados ta: khewan, punika kirang pêrlu, sarta tiyang mungêl inggih namung kewan, kêdah kaicalakên.

8. Panambang ake, ingkang wanda mênga ake, ingkang wanda sigêg anglênggahi sigêgipun, kados ta: nglarakake ati, saking lingga: lara, jukukkake sêga, saking lingga: jukuk.

9. rê, lê, sarta kêrêtan kalêstantunakên, namung lê botên dumunung sangandhaping sigêgan, kados ta: adol lênga,Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipasangi dengan aksara nga lêlêt di bawahnya. botên kêdah kasêrat: adol lênga,Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipasangi dengan pasangan aksara la diikuti pêpêt. dollên lêstari ngangge pasangan, awit dados panambang.

10. Bawa ka, kalihan tanggap ka, kêdah kabedakakên panyêratipun, bawa ka kapêpêt, kados ta: kêthuthuk, tanggap na nglêgêna, kathuthuk.

Sadaya wau kataringakên dhatêng para warga, namung bab parêpatan ing dalu wau dèrèng wontên [wo...]

--- 5 ---

[...ntên] karampungan, namung kangge sarasehan.

Ingkang sampun kaangge rêmbag prakawis lê: wontên ingkang mrayogèkakên lêstantun, kenging wontên sangandhaping aksara ingkang kasigêg, kados ta: jaluk lênga, kawangsulan manawi makatên, E, O, inggih kêdah kenging wontên sangandhaping aksara ingkang kasigêg, kados ta: taun Ehe, wulan Oktobêr. Para warga botên mupakat, lajêng gadhah prayogi malih kêdah jaluk lênga,Huruf Jawa yang dipakai: aksara ka dipasangi dengan aksara nga lêlêt disampingnya. nanging dollên, sarèhning lên wau dados panambang mila kaprayogèkakên lêstantun dollên.Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipasangi dengan pasangan aksara la diikuti pêpêt.

11. Dwilingga têmbung aran sarta kriya sami kemawon, botên luluh, kados ta: alun-alun.

12. Panambang an, e, ne, nên, kasumanggakakên komisi.

Wanci jam 9, parêpatan katutup.

--- 6 ---

Ôngka 92

3. Pahêman Radyapustaka asarêng punika ngintunakên rancangan ingkang badhe dipun ajêngakên dening Radyapustaka, benjing ing dintên Akad tanggal kaping 29 Oktobêr punika, sarta manawi pangagênging parentah karaton sampun adamêl rancangan, Radyapustaka nyuwun kakintunana, makatên malih bilih sagêd, ugi kaparênga ngintuni dhatêng para liding kumisi inggih punika golong-golongan ingkang kapratelakakên ing sêrat katitimangsan kaping 30 Agustus 1922, supados amayarakên.

Kajawi punika, kathah ingkang sami nêmbung dhatêng Radyapustaka, kenginga ngêdalakên swara, salong sêdya ningali kemawon, tumrap ingkang namung badhe ningali, sampun kawangsulan botên wontên pakèwêdipun, namung ingkang badhe angêdalakên swara punika, Radyapustaka dèrèng sagêd anglilani, [angli...]

--- 7 ---

[...lani,] manawi dèrèng angsal lilahipun para kumisi, amila Radyapustaka angajêng-ajêng katrangan.

Makatên malih Radyapustaka anggadhahi pamanggih, benjing têmpuking damêl angrêmbag kasusastran wau, sadèrèngipun wanci, parlu angwontênakên parêpatan rumiyin (voorvergadering) tumrap para kumisi kemawon, amanah badhe lampahing rêmbag, awit saking punika, wêwakiling pangagênging parentah karaton, kaajêng-ajêng rawuh ing Sri Wadari wanci jam 7 1/2 enjing.

Surakarta kaping 17 Oktobêr 1922

Wisesa

W.G. Wuryaningrat

Panitra

W.G. Prajakintaka

--- 8 ---

4. Wêwaton pamanggihipun Pahêman Radyapustaka bab kasusastran.

Tataning panyêrat punika:

1. Kêdah gampil, upaminipun tuna, wani, tanu, banyu, sapanunggilanipun, botên kenging kasêrat tunna, wanni, tanutannu. enz.

2. Kêdah ngèngêti warganing aksara, upaminipun: karsa, warna, kêdah kasêrat karSa, warNa.

3. Kêdah ngèngêti rimbaging têmbung, upaminipun tutuku, alun-alun, botên tatuku, alun-nalun.

4. Pakêcapan botên masthi kenging kadamêl, wêwatoning panyêrat, upaminipun tênaga, mênawa, kêmantrèn, prayogi kasêrat tanaga, manawa, kamantrèn.

--- 9 ---

Kawontênaning lid kumisi angrêmbag kasusastran Jawi.

1. Paprentahan ing Ngayogyakarta.

2. Pangagênging parentah karaton ing Surakarta.

3. Paprentahan kadipatèn Mangkunagaran.

4. Paprentahan kadipatèn Paku Alaman.

5. Bale Pustaka.

6. P.G.H.B.

7. P.G.B.

8. Kwiksêkulbon.

9. Nurmal sêkulbon.

--- 10 ---

5. Rêmbag kasusastran ingkang sampun kaputus ing rêpatan.

1. Panambang an, e, sapanunggilanipun, putusanipun badhe kasumanggakakên kumisi.

2. Dwipurwa, panyêratipun kêdah manut purwaning lingga, kados ta: tetela, gigriya.

3. Dwilingga têmbung aran sarta kriya sami kemawon botên luluh, kados ta: alun-alun, abang-abang.

4. Pasangan dha, tha, dados pasanganing Na lan Sa murda, kados ta: kaNdhi, kaNthi, wuSdhara, hèSthi, pasangan: ca, ja, dados pasanganing nya lan Sa, talawya kados ta: wanyci, panyji, paScima, maSjid.

5. Aksara Na lan Sa murda, manawi ing ngajêng wontên aksaranipun ingkang kalayar, kêdah wêtah murda, kados ta: warNa, karSa.

--- 11 ---

6. Daya sastra ingkang tanduk, kêdah kawêtahakên mawi atêr-atêr kados ta: aNdhodhok, anyjambak, ingkang têmbung aran namaning nagari, kitha, padhusunan mawi ing kenging, botên inggih kenging, kados ta: ing Batawi, Batawi, ing bayalali, bayalali, ing bacêm, bacêm, dene tumrapipun têmbung aran, manawi kawancah sampun mangrêtosakên, kenging kawancah, kados ta: têmbako, kenging kasêrat bako, manawi dèrèng mangrêtosakên, kêdah kawêtahakên, kados ta: lêmbayung.

7. Têmbung nigang wanda, nagara, wadana, manawa, panyêratipun purwaning lingga kêdah nglêgêna, namung pakêcapanipun kapêpêt.

8. Aksara rekan, kêdah kaicalan.

9. Bawa kuma, bawa ma, ing sabên bêbukanipun, kuma dados bawa kuma, kados ta: kumayu, kumintêr, ingkang sêsêlan ma wantah sarta kawancah dados bawa ma, kados ta: gumantung, mèsêm.

--- 12 ---

10. Panambang ake, ingkang wanda mênga ake, ingkang wanda sigêg anglênggahi sêsigêgipun, kados ta: nglarakake ati (saking lara), jukukkake sêga, ngucullake manuk.

11. rê, lê, sarta kêrêtan, kalêstantunakên, namung lê botên kenging dumunung sangandhaping sigêgan, kados ta: jaluk lêngaHuruf Jawa yang dipakai: aksara ka dipasangi dengan aksara nga lêlêt di bawahnya dan dicecak. botên kenging, kêdah jaluk lênga.Huruf Jawa yang dipakai: aksara ka dipasangi dengan pasangan aksara la diikuti pêpêt dan dicecak.

12. Bawa ka, panyêratipun kêdah kapêpêt, kados ta: kêtiban, kêpranggul, sapanunggilanipun.

--- 13 ---

6. Benjing ing dintên Akad tanggal kaping 7 wulan Mulud taun Jimawal 1853 utawi kaping 29 Oktobêr 1922 wanci jam 9 enjing, Pahêman Radyapustaka badhe kangge ajanging kumisi angrêmbag kasusastran Jawi, mênggah lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

1. Ingkang kaaturan majibi pasrèn sarta nata palênggahan sapanunggilanipun, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kanthi Radèn Mas Arya Atmaja II, Radèn Ngabèi Prajakintaka III, Radèn Ngabèi Atmasuwita.

2. Ingkang kaaturan among tamu Radèn Tumênggung Wôngsanagara, kanthi Radèn Mas Ngabèi Yasadipura II, Radèn Ngabèi Purbadipura III, Mas Ngabèi Yasawidagda.

3. Abdi dalêm carik, jajar jaga musiyum sapamaganganipun ing kantor musiyum, kapatah ambantoni sadaya padamêlan, sowan byukan wiwit dintên Jumungah tanggal kaping 27 Oktobêr dumugi [dumu...]

--- 14 ---

[...gi] sarampunging parlu.

4. Ing dintên SaptuSabtu (dan di tempat lain). tanggal kaping 28 Oktobêr, wanci enjing para ingkang majibi padamêlan, sami dhatêng ing musiyum.

5. Nunggil ing dintên Sabtu wau, ing musiyum sampuna rampung pangrêngga sarta panatanipun kursi, punapadene ing panti pangaksipangagsi (dan di tempat lain). (kupêl).

6. Ing dintên Akad wanci jam 7 enjing, pangrèhing Pahêman Radyapustaka, sarta ingkang sami amajibi padamêlan, sampuna dhatêng ing musiyum.

7. Nunggil ing dintên Akad wanci jam 7 1/2 enjing, para kumisi purpêrgadring wontên ing panti pangaksi.

8. Ing sabên tamu dhatêng, dipun ancarani dening ingkang kapatah among tamu.

9. Ing wanci jam 9 sasampunipun wontên tôndha ungêling bêndhe, wisesaning Pahêman Radyapustaka ambagèkakên para tamu, salajêngipun pasrah pangrêmbagipun dhatêng kumisi.

--- 15 ---

Kumisi lajêng anindakakên saparlunipun, sadaya rêmbaging kumisi bilih kacondhongan badhe dipun pèngêti (notilên). Ingkang kapatah Radèn Ngabèi Wôngsadilaga II, Mas Ngabèi Martasuwignya III, Mas Sumidi.

10. Para pangrèhing Pahêman Radyapustaka sarta ingkang nyanggi damêl, antukipun kêdah ngêntosi bibaran.

Badhe panatanipun

1. Ing panti pangaksi katatanan kursi mubêng sacêkapipun (kintên namung 15).

2. Ing gêdhong musiyum ingkang lèr, ing têngah katatanan bangku panjang kalih mujur mangalèr, kaangkah pantêsing longkangipun kalihan kontên kangge kumisi, pungkasing bangku ingkang kidul, kasambêtan kantor kaluruban sangkêlat ijêm, kangge presidhèning kumisi, sawetan kontên katatanan podhiyus,podhiyum. sakilèn

--- 16 ---

kontên katatanan bor.

3. Sawingking kantor katatanan kursi 13 sisih (13 x 2 = 26).

4. Sakiwa têngênipun palênggahaning kumisi katatanan kursi sap pitu jèjèr wolu-wolu (7 x 8 x 2 = 112).

5. Èmpèr jawi ingkang iring kilèn katatanan kursi jèjèr sap-sapan sacêkapipun (kintên sagêd 40) ingkang wetan kangge bipèt.

6. Kontêning gêdhong musiyum punapadene ing topengan kapasangan palisir, makatên malih ing topengan kapasangan hèk.

--- 17 ---

7. Sêratipun pangagênging parentah karaton katur wisesaning Pahêman Radyapustaka.

Ingkang asarêng punika kula ngaturakên rancangan sawatawis bab kasusastran Jawi, ingkang badhe karembag ing pakêmpalan Radyapustaka benjing ing dintên Akad tanggal kaping 7 Rabingulawal, Jimawal 1853, utawi kaping 29 Oktober 1922, wasana kula nyumanggakakên.

Katur kaping 3 Rabingulawal Jimawal 1853, damêl malih, 1. katur Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja, pêpatih ing karaton dalêm Ngayogyakarta, 2. katur pangrèh agêng kwiksêkulbon ing Ngayogyakarta.

Adrèsipun

Diatoerken

Kangdjeng Pangeran Harjo Hadipati Danoeredjo Rijksbestuurder di Djocjakarta.

Kapada President dari Hoofdbestuur Kweekschoolbond di Djocjakarta.

Titimangsaning sêrat sami tanggal kaping 4 Rabingulawal Jimawal 1853.

--- 18 ---

8. Nuwun, sarêng punika pangrèh agêng kwiksêkulbon angaturakên rancangan cêkakan prakawis kasusastran Jawi, ingkang badhe kaajêngakên ing pakêmpalan ing Radyapustaka benjing tanggal 29 Oktobêr 1922 punika

Wasana sumôngga.

Ngayogyakarta kaping 24 Oktobêr 1922.

Pangajêng

W. G. Jayasugita, W. G. Panitra II, W. G. Suwasa Martakusuma

--- 19 ---

9. Pamanggihipun wêwakiling kwiksêkulbon, bab kasusastran Jawi, ingkang prayogi kangge ing jaman sapunika.

Kêdah gampil, sacêkapipun kemawon, ugêr botên adamêl kithal, mawi angèngêti pakêcapan sarta rimbag ing têmbung sawatawis (Phonesisch Etijmologisch) makatên:

1. tuna, wani, adu, banyu.

2. gigriya, tutuku, gogonda, udan-udan, udan-udannan.

3. Parinne, marunne, batinne, urunne, tukunnen, utussan, dhewekkan, anggawanni, anggaranni.

Kapatihan, kalihan, palihan, pakeyan, ijowan, lèmbèyan, kawali(le)yan.

Anggawakake, anyjajakake, anjalukake.anyjalukake.

--- 20 ---

4. Aksara murda kasingkirakên sadaya: bôndha, kanthi, warna, warsi, manusa, rosa, rêsi, maharsi, masa, kawasa, wisesa, masjid, rêna, karana, sastra, salya, botên: bôNdha, kaNthi, warNa, warSi, manuSa, roSa, rêSi, maharSi, maSa, kawaSa, wiSeSa, maSjid, rêNa, karaNa, SaStra, Salya.

Sa taksih lastantun, [...]Huruf Jawa yang dipakai: sandangan suku dan pasangan aksara pa. kasingkirakên, nya sêsigêg kabucal: gonjing, panci, anjarag.

5. Kawangsulan, katiban, kabalêrêngên, kabanjur, kamantrèn. Kê ical.

6. Manawa, tangara, sagara, talaga, salaka, laksana.

Wasana saking pamanggihipun wêwakiling kwiksêkulbon, sêsêratan Jawi botên sagêd nunggil, manawi dèrèng wontên pratelaning têmbung-têmbung sadaya (woorden lijst) ingkang dipun condhongi sadaya golongan.

1. Panyêratipun tôndha asta, prayogi ingkang cêtha, tuwin prasaja, parlunipun

--- 21 ---

anggampilakên mangêrtosipun tiyang ingkang dèrèng kulina dhatêng tôndha asta wau.

2. Aksara swara 5 pisan, angêmungna kaangge anyêrati têmbung mônca kemawon sampun ngantos kaangge anyêrati têmbung Jawi, kados ta: Aksara, Erang-Erang, Imagiri, kali Opak, Ongêran, kêdah kasêrat: aksara, erang-erang, imagiri, kali opak, ungêran.

3. Têmbung dwilingga, ingkang wandanipun wêkasan sigêg, kula mupakat, purwaning têmbung rangkêpanipun wau mawi kaluluhakên ing aksara sêsigêg wau, kados ta: umbul-lumbul, ngisin-nisin.

4. Kathah tiyang micantênakên têmbung aran utawi panggenan, mawi dipun atêr-atêri anuswara, kados ta: ngêbongngan, ngeNdraprastha, ngêjossan, sapanunggilanipun, kula mupakat kasêrat: êbongngan, endraprastha, êjossan.

--- 22 ---

5. Aksara murda, angêmingnaangêmungna. kaangge nyêrati asmanipun para luhur kemawon, dene namanipun tiyang alit, pangkat kalênggahan tuwin panggenan, kasêrata mawi aksara alit kemawon, kados ta: prawiratani, bêkêl, panaraga, sasaminipun.

6. Têmbung-têmbung sawatawis ing ngandhap punika, dèrèng cocog utawi dèrèng maton panyêratipun, nyuwun kadamêlakên waton, kados ta:

- raharja, wontên ingkang nyêrat rah-arja,

- kanyjêng, wontên ingkang nyêrat kangjêng,

- widagda, wontên ingkang nyêrat widakda,

- punika, wontên ingkang nyêrat punnika,

- dening, wontên ingkang nyêrat denning,

- salaminipun, wontên ingkang nyêrat salaminnipun,

- sasampuning, wontên ingkang nyêrat sasampunning,

- kêbone, wontên ingkang nyêrat kêbonne (lingga kêbo),

--- 23 ---

- kêbonne, wontên ingkang nyêrat kêbonne (lingga kêbon), tuwin sanès-sanèsipun.

10. Katrangan pamanggihipun ingkang kautus komisi pangagênging parentah karaton, ingkang badhe karêmbag ing pakêmpalan Radyapustaka benjing ing dintên Akad tanggal kaping 7 Rabingulawal, Jimawal 1853, utawi kaping 29 Oktobêr 1922.

1. tuna, wani, tanu, banyu, manawa, banawi, botên kasêrat tunna, wanni, tannu, bannyu, mannawa, bannawi.

2. sapune, alune, iline, punika kêdah kasêrat: sapunne, alunne, ilinne, amargi angsal panambang e, lintune, saminipun manawi angsal panambang ke, utawi ake, kados ta: nyapokke, nyapokake, ngilèkke, ngilèkake.

--- 24 ---

3. warNa, warTa, karSa, botên kasêrat: warna, warta, karsa, amargi na, da, ta, sa, sami tunggil warga aksara ilat (spraakkunst P. Roorda).

4. Dwipurwa, kêdah miturut purwaning lingga, kados ta: tuku, kasêrat tutuku, salajêngipun, amargi saking tuku-tuku.

5. Dwilingga, ingkang saking têmbung aran luluh, kados ta: ani-yani, andhêng-ngandhêng, alun-nalun, umbul-lumbul, makatên malih ingkang saking kahanan ugi luluh, kados ta: ènycèng-ngènycèng, umun-numun.

Ingkang saking têmbung kriya botên luluh, kados ta: inyjên-inyjên, udan-udan, umbul-umbul, lan sela, diènycèng-ènycèng.

6. Têmbung camboran kêdah luluh, kados ta: sapit tabon, supit turang, urang ngayu.

7. Bawa ka, kêdah kasêrat: kê, kados ta:

--- 25 ---

kêsandhung, kêsampe, kêbanyjur, têgêsipun botên dipun maha, tanggap ka, kasandhung, kasampe, têgêsipun: dipun sandhung, disampe, dipun maha.

8. Aksara swara A, E, I, O, U, namung kangge nyêrat têmbung mônca, kados ta: April, Ehe, Ibrani, Oktobêr, Utara.

11. Cathêtan namanipun ingkang sami kawakilakên dados liding komisi.

1. Karaton dalêm Surakarta: 1. Radèn Ngabèi Nitipraja, 2. Mas Ngabèi Èsmutani.

2. Karaton dalêm Ngayogyakarta: 1. Radèn Tumênggung Jayadipura, 2. Mas Wadana Dwijasewaya, 3. Radèn Panèwu Jiwadipraja.

3. Kadipatèn Mangkunagaran: 1. Radèn Ngabèi Citrasêntana, 2. Mas Wôngsadiarja.

4. Kadipatèn Paku Alaman: 1. Radèn Panji Jayèngpranata, 2. Radèn Mas Ngabèi Sasrasudarsa.

--- 26 ---

5. Pahêman Radyapustaka: 1. Radèn Ngabèi Suradipura, 2. Mas Ngabèi Prajapustaka, 3. Mas Ngabèi Prawiratmaja.

6. Kwiksêkulbon: 1. Mas Suwardi.

7. Normalsêkul: 1. Mas Ngabèi Arjasudira, 2. Radèn Ngabèi Brataharjita.

8. P.G.H.B.: 1. Mas Ngabèi Yasawidagda, 2. Mas Andaga Wedyakaryasa.

9. P.G.B.: 1. Radèn Sutarman, 2. Mas Sastrawirya, 3. Mas Tôndhadisastra.

10. Bale Pustaka, botên angintunakên wakil, amargi kêkirangan punggawa.

Cathêtan

12. Nalika ing dintên Akad tanggal kaping 7 Mulud Jimawal 1853 utawi kaping 29 Oktobêr 1922, pêrgadring angrêmbag kasusastran Jawi, wontên ing musiyum (Sri Wadari) ingkang sami dhatêng.

Utusan komisi paprentahan kasultanan [kasulta...]

--- 27 ---

[...nan] 3

Utusan komisi paprentahan Paku Alaman 2.

Utusan komisi P.G.H.B. 2.

Utusan komisi paprentahan karaton 2.

Utusan komisi Radyapustaka 2.

Utusan komisi P.G.B.3.

Utusan komisi paprentahan Mangkunagaran 2.

Utusan komisi Normalsêkul 1.

Utusan komisi Kwiksêkul 2.

Bale Pustaka botên sagêd utusan, awit kêkirangan punggawa.

Para liding Radyapustaka tuwin para ningali kintên-kintên wontên 160. Wanci jam 1/2 8, para utusan kaaturan dhatêng panti pangaksi sadaya, pêrgadring anêtêpakên pangagêng (presidhèn) saking pamilihipun para komisi, dene ingkang katêtêpakên, Radèn Mas Arya Wuryaningrat,

--- 28 ---

juru murwani rêmbag Mas Wadana Dwijasewaya, sarta angrêmbag badhe damêl wurdhênlis, lajêng angrêmbag panyuwunipun para ningali, ingkang badhe ngêdalakên swara, rêmbagipun kêdah kaparêngakên, supados pangrêmbaging tatanan panyêrat nama sagêd apsah, kalampahanipun kaparêngakên, punapa malih sarèhning para komisi utusanipun botên rampak kalih-kalih utawi satunggal-satunggal, mila badhe swaraning utusan namung kaanggêp satunggal, bibar pêrgadring komisi, para komisi kagambar wontên ngajênging panti pangaksi, bibar kagambar lajêng dhatêng musiyum, mapan ing panggenan ingkang sampun katata miturut programa, palinggihanipun para utusan komisi wau sampun dipun sêrati piyambak-piyambak.

Wanci kèndêl jam 9, pêrgadring kabikak dening wisesa mawi anggêlarakên sêdyaning Radyapustaka [Ra...]

--- 29 ---

[...dyapustaka] anggènipun damêl komisi, supados panyêratipun ing ngrika-ngrika sagêd sami, sarta anglilani para ningali ingkang badhe tumut angêdalakên swara namung dipun watêsi 3 mênut.

13. Mas Wadana Dwijasewaya lajêng mratelakakên lampah-lampahipun ingkang badhe karêmbak,karêmbag,. sampun karancang urutipun, kados ta: lingga, andhahan, rimbag, bawa kê, ka, bab sêsêlan, tuwin panyêrating têmbung wani, wanni; sêrat, sêrrat; lênga, lêngnga, sasaminipun, punika katawèkakên para utusan, Prawiraatmajan tumrap anggènipun dados wakiling Radyapustaka, nyorahakên bilih wontênipun aksara karangkêp, punika panyêrat jaman kina, kados ta: citta, buddhi, sasaminipun, sapunika sampun botên wontên panyêrat ingkang karangkêp makatên, mila wani, sêrat, lênga, botên karangkêp dados wanni, sêrrat, lêngnga, swara ingkang kathah botên karangkêp (rampung) namung wontên têmbung [tê...]

--- 30 ---

[...mbung] tannya, pitakèn, kasêrat tanya punapa tannya, utawi tanya,Huruf Jawa yang dipakai: aksara na dipengkal. karampungan miturut swara, tannya.

Bab sigêg, kanthi pasangan ca, ja, punapa na, punapa nya, karampunganipun sigêg nya.

Têmbung nantang, anantang, punika panyêratipun punapa inggih nantang, punapa mawi ha, anantang, manawi Ngayugya ingkang kangge anantang, dados purwa ha, Prawiraatmajan amratelakakên, lêrêsipun rumiyin nantang, manawi wontên parlunipun kenging kasêrat anantang, karampunganipun nantang.

Bawa ka, tuwin kê, punapa kabanjur, punapa kêbanjur, pangrêmbag warni-warni, bawa ka, tanggap ka, wontên ingkang kamanah sami, ka, kabanjur, karampunganipun mawimanawi. bawa ka, kê, tanggap ka, ka.

Sêsêlan la, punapa kasêrat, upami jalêrit, punapa jlêrit, karampunganipun jalêrit, manawi wontên kalanipun inggih kasêrat [kasê...]

--- 31 ---

[...rat] jlêrit.

Têmbung joraha, jorawa, priyayiha, priyayiya, kêdah pundi ingkang badhe kaangge, karampunganipun jorawa, priyayiya, koweya.

Jara, jarane, punapa jaranne, katrangan saking Bale Pustaka, kêdah jarane, Prawiraatmajan mêwahi katrangan, bilih ne wau têtela panambang ne, saminipun nja, manawi saking lingga jaran, jaranne, karampunganipun manawi saking jara, jarane, saking jaran, jaranne, namung lingga jara, manawi angsal panambang i, punapa jarani, punapa jaranni, karampunganipun jaranni.

Lingga patih, punapa kapatihan, punapa kapatiyan, kalihan punapa kaliyan, palihan punapa paliyan, karampunganipun kapatihan, kalihan, palihan, awit saking lingganipun wignyan.

Kawruhan, sarèhning lingganipun saking wêruh kawêruh, dados karampunganipun kawruhan.

--- 32 ---

Lingga jara, angsal panambang ên, punapa kasêrat jaranên, punapa jarannên, karampunganipun jaranên.Terdapat bekas dihapus, seharusnya: jarannên.

Lingga pakan, angsal atêr-atêr ma, panambang ke kriya, punapa kasêrat makakake, punapa makakkake, karampunganipun makakkake.

14. Wanci jam 1 lajêng kèndêl 10 mênut, para lid sarta para ningali sami kagambar wontên topengan.

15. Sasampunipun rampung kagambar sawatawis sampun sadasa mênut, Mas Wadana Dwijasewaya amurwani rêmbag malih.

Lingga turun, punapa kasêrat turunna, punapa turunênna, punapa turunnenna, karampunganipun turunna.

Lingga sabuk, rêmbug, ingkang angsal panambang ana, punapa kasêrat sabukkanna, rêmbugganna, punapa sabukkana, rêmbuggana, karampungan

--- 33 ---

sabukkana, rêmbuggana.

Lingga paku angsal panambang ipun, punapa kasêrat pakonnipun, punapa pakunipun, karampungan pakunipun.

Sagara, nagara, salaka, punapa sêgara, nêgara, sêlaka, karampunganipun tanpa pêpêt.

Parlu punapa kasêrat parlu, punapa pêrlu, punapa prêlu, punika dados rêmbag rame, gêntos-gêntos amratelakakên tôndha sêgsi, kêdah parlu, saminipun sarju wontên ingkang ngêkahi kêdah prêlu, saminipun srêngenge, ingkang wêkasaning lingga sigêg, kêrêt, kados ta: krêtêg, botên kartêg, utusan kwiksêkul mratelakakên, krêtu botên sigêg, utusan parentah karaton mratelakakên kasêrat parlu, awit saking têmbung mônca parlu (pardlu) awit mawi sêksi kathah malah ura, karampunganipun parlu.

--- 34 ---

Dwipurwa lingga tuku, griya, punapa tutuku, gigriya, punapa tatuku, gagriya, karampunganipun tutuku, gigriya, dene lingga: gonda, panyêratipun inggih gogonda, nanging kêcapipun botên: go, kêdah ga.

Alun-alun, sapit abon, punapa alun-nalun, sapit tabon, karampunganipun alun-alun, sapit abon.

16. Dumugi samantên sampun wanci satêngah kalih, para utusan ingkang pamitanipun namung sadintên kapêksa nyuwun mantuk, mila pêrgadring katutup, nanging benjing wulan Dhesèmbêr kadumugèkakên ngantos sarampungipun.

W. G. Nitipraja

W. G. Èsmutani

--- 35 ---

Ôngka123 Surakarta kaping 15 Nopèmbêr 1922

17. Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur pangagênging parentah karaton. Sasampuning kadya punika wiyosipun, nalika parêpatan angrêmbag kasusastran wontên kagungan dalêm gêdhong musiyum ing dintên Akad tanggal kaping 29 Oktobêr 1922, punika pangagênging parentah karaton anggènipun paring jêjênêng têrang kauningan ing sahandhap sampeyan dalêm punapa botên, parlu kangge waton panyêrating notilên, Pahêman Radyapustaka nyuwun katrangan.

Wisesa W.g. Wuryaningrat

Panitra

W.g. Prajakintaka

--- 36 ---

Ôngka297/3 na I

Konjuk

18. Kawulanuwun, kawula angunjuki uninga ing sahandhap sampeyan dalêm, sêkawit kawula anampèni sêratipun Pahêman Radyapustaka. Suraosipun amratelakakên badhe angrêmbag kasusastran saha panyêratipun aksara Jawi. Supados awêwaton satunggal, amargi kawontênanipun sapunika wêwaton kasusastran tuwin panyêrat wau ingkang kangge karaton dalêm Surakarta, karaton dalêm Ngayogyakarta, kadipatèn Mangkunagaran, kadipatèn Paku Alaman saha ing guprêmenan, punapadene sadaya pamulangan-pamulangan beda-beda, ingkang makatên punika kamanah kirang prayogi sangêt, awit manawi lêstari makatên kajawi saya risaking kasusastran Jawi, ugi nguwatosakên [nguwatosa...]

--- 37 ---

[...kên] manawi kalajêng botên wontên ingkang ngangge sastra Jawi, salin aksara latin, mênggah sagêdipun kalampahan kados kajêngipun Radyapustaka wau kêdah mawi kabiyanton dening para golongan ing nginggil wau. Amila Radyapustaka nêdha wakil kawula pangagênging parentah karaton, kadadosakên liding komisi, punapadene para golongan kasêbut ing nginggil wau ugi dipun têdhani wakil kadadosakên liding komisi.

Kawulanuwun, ingkang punika sarèhipun kawula manah prayogi sangêt, kawula lajêng mangsuli condhong dhatêng rêmbagipun Radyapustaka wau, kalampahan saèstu karêmbag nalika dintên AkatAkad (dan di tempat lain). tanggal kaping 7 wulan Rabingulawal punika. Ingkang kawula patah dados wêwakil kawula abdi dalêm pun Ngabèi Nitipraja, 2. pun Ngabèi Èsmutani, makatên ugi ing Ngayogyakarta

--- 38 ---

tuwin para golongan, inggih sami angintunakên wêwakil mênggah putusaning rêmbag saha namanipun ingkang sami dados kumisi kawrat cathêtan kawula saosakên konjuk sarêng sêrat unjuk kawula punika. Mugi andadosakên kauningan ing sahandhap sampeyan dalêm.

Konjuk tanggal kaping 26 wulan Rabingulawal taun Jimawal, angkanipun ing warsa 1853.

--- 39 ---

Ôngka 300/3 na I.

19. Sêratipun pangagênging parentah karaton dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka.

Kula sampun nampèni sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, katitimasan kaping 15 Nopèmbêr 1922, ôngka 123, punapa sasuraosipun sampun kula sumêrêpi.

Ingkang punika mênggah anggèn kula angintunakên jajênêng nalika parêpatan angrêmbag kasusastran wontên ing gêdhong musiyum ing dintên Akat tanggal kaping 29 Oktobêr 1922, punika sampun têrang kauningan ing sahandhap sampeyan dalêm, andadosna sumêrêpipun wisesaning Pahêman Radyapustaka.

Kaping 18 Dhesèmbêr 1922.

--- 40 ---

Surakarta kaping 6 Dhesèmbêr 1922.

Ôngka 133.

20. Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka katur utusaning parentah karaton.

Kulanuwun, ingkang asarêng punika Pahêman Radyapustaka angaturakên nutilên kala angrêmbag tataning panyêrat nalika ing dintên Akad tanggal kaping 7 wulan Mulud taun Jimawal ôngka 1853, utawi kaping 29 Oktobêr 1922. Dene anggènipun badhe anglajêngakên angrêmbag malih, katamtokakên benjing ing dintên Akad tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal taun Jimawal ôngka 1853, utawi kaping 31 wulan Dhesèmbêr 1922, ugi wontên kagungan dalêm gêdhong musiyum ing Surakarta, mênggah rancanganipun kados ing ngandhap punika.

I. Malêmipun ing dintên Akad wau wanci jam 7 purpêrgadring anêtêpakên nutilên [nu...]

--- 41 ---

[...tilên] saha ngrêmbag badhe prêslah punapadene wurdhênlis.

II. Dintênipun Akad wanci jam 9 enjing, têmpuking damêl anglajêngakên angrêmbag kasusastran, manawi botên sagêd rampung kalajêngakên sontênipun (malêm Sênèn wanci jam 7).

Awit saking punika, ing dintên ingkang kasêbut ing nginggil wau, putusaning parentah karaton, kaaturan rawuh.

Wisesa

W. G. Wuryaningrat

Panitra

W. G. Prajakintaka

--- 42 ---

21. Pêrslah pêrgadring ing dintên Akad tanggal kaping: 29 Oktobêr 1922 wontên ing panti pangaksi.

Sadèrèngipun pêrgadring kawiwitan, presidhèning Pahêman Radyapustaka ngaturakên gênging panuwun dhumatêng parentah karaton Surakarta tuwin Ngayogyakarta, parentah kadipatèn Mangkunagaran miwah Paku Alaman, punapadene dhatêng pakêmpalan, P.g. H.B.N.S.B.K.B.P.g.B. dene sami kaparêng ngintunakên utusan ing dintên punika, makatên malih presidhèning Pahêman Radyapustaka ngaturakên pambage wilujêng para jêjênênging parentah punapadene para wakiling pakêmpalan ingkang sami rawuh.

Presidhèning Radyapustaka ngaturi rêmbag dhatêng para kumisi, prayogi milih presidhèn rumiyin, pinanggih rêmbag ingkang kapilih dados [dado...]

--- 43 ---

[...s] presidhèn sarta nuntun pêrgadring ing dintên punika, presidhèn Pahêman Radyapustaka Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat matur nuwun dhatêng kumisi dene kapilih dados presidhèn, wasana lajêng wiwit angrêmbag parluning pakêmpalan.

I. Presidhèn pursêtèl, sèkrêtaris ingkang damêl notilên prayogi priyantun ing jawi. Awit panggalihipun presidhèn, liding kumisi rêkaos sagêdipun damêl notilên, dening badhe rêmbagan piyambak, Radyapustaka sampun sadhiya priyantun calon sèkrêtaris, inggih punika:

1. Mas Ngabèi Martasuwignya.

2. Radèn Ngabèi Wôngsadilaga.

3. Mas Adi Sasmita.

Utusan Ngayogya nakèkakên ontwihhelingipun calon sèkrêtaris,

--- 44 ---

sarêng sampun kawangsulan, pêrgadring anyondhongi dhatêng pursêtèlipun presidhèn.

II. Presidhèn ngajêng-ajêng timbangan kadospundi patraping pangrêmbag supados rancag.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta mrayogèkakên kaprinci-princi, sarta pratela bilih sampun gadhah leidraad.

Rêmbagipun utusan Ngayogyakarta kacondhongan.

III. Utusan K. B. mrayogèkakên damêl permanende commissie sarta woordenlijst.

Damêl woordenlijst pêrgadring condhong.

Ngwontênakên permanente commissie dèrèng kaputus, awit punika dede padamêlan baèn-baèn.

Rêmbagipun presidhèn, manawi rêmbag dintên punika mangke botên rampung kumisi ingkang sampun punika dipun suwun pêrgadring malih,

--- 45 ---

pêrgadring condhong.

IV. Prakawis sêtèm presidhèn andangu prayoginipun kadospundi, satatanan punika gadhah sêtèm 1, punapa kanutanut/manut. cacahing utusan ingkang dhatêng, punapa manut cacahing utusan ingkang kathah piyambak, inggih punika pinanggihing rêmbag, satatanan sêtèm 1.

V. Presidhèn mratelakakên, pêrslah punika ingkang kangge waton, ingkang kathah swaranipun, ingkang kawon kêdah narimah, pêrgadring mupakat.

VI. Pamanggihipun presidhèn, pêrslah pêrgadring punika, kêdah kaaturakên dhatêng regeering parentah karaton Surakarta tuwin Ngayogyakarta, parentah kadipatèn Mangkunagaran miwah Paku Alaman, punapadene pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ngintunakên wakil dados liding kumisi. Sarêng sampun karêmbag sawatawis panjang, pêrgadring condhong sarta mawi wêwahan panyuwun, para parentah sarta pakêmpalan wau

--- 46 ---

kaparênga ngagêm (ngangge) kasusastran putusaning kumisi.

VII. Sintên ingkang damêl pêrslah dèrèng kaputus.

Pèngêtan parêpatan kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi

Têmpukipun ing damêl kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi aparêpatan, wontên ing dintên Akad Pon tanggal kaping 7 wulan Mulud ing taun Jimawal 1853, utawi kaping 29 Oktobêr 1922, manggèn ing griya museyum Sri Wadari (Surakarta). Sadèrèngipun parêpatan katapukakên, kumisi adamêl purpêgadêring manggèn ing panti pangaksi.

Kumisi kathahipun 10 golongan ingkang dhatêng 9, Bale Pustaka apratela sangêt ing cuwanipun dene kapêksa botên sagêd ngintunakên wêwakil, sabab saking kiranging punggawa, namung urun rêmbag, (mirsanana [(mir...]

--- 47 ---

[...sanana] lampiran 2).

Ha. Bab panambang: e.

Na. Panganggenipun aksara murda.

Ca. Gadhah pamurih uwohing pangrêmbag kaaturakên kangjêng tuwan dhirèktur pan ondêrwis, kanthi panuwunan mugi kaparênga nêtêpakên ing panganggenipun.

Kumisi ingkang dhatêng wau.

I. Utusan parentah karaton Surakarta, 1. R. Ng. Nitipraja, 2. M. Ng. Èsmutani.

II. Utusan parentah karaton Ngayogyakarta, 1. R. Tu.T. Jayadipura, 2. M. W. Dwijasewaya, 3. R. Panèwu Jiwadipraja.

III. Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran, 1. R. Ng. Citrasantana, 2. M. Wôngsadiarja.

IV. Utusan parentah kadipatèn Paku Alaman, 1. R. Panji Jayèngpranata, 2. R. Ng. Sasrasudarma.

V. Kwiksêkulbon wêwakilipun, 1. Mas Jayasugita, 2. R. Brata Arjiya.

--- 48 ---

VI. Normalsêkulbon wêwakilipun M. Supardi.

VII. P. G. H. B. wêwakilipun, 1. M. Yasawidagda, 2. M. Andaga Widakaryasa.

VIII. P. G. B. wêwakilipun, 1. M. Sastrawirya, 2. R. Sutarman, 3. M. Tôndhadisastra.

IX. Radyapustaka, wêwakilipun, 1. R. Ng. Suradipura, 2. M. Ng. Prajapustaka, 3. M. Prawira Atmaja.

Pakêmpalan ingkang marlokakên akintun wêwakil.

1. Pakêmpalan Guru Kristên ing Ngayogyakarta.

2. Kridhabasa ing Prambanan.

3. Mardibasa ing Madiun.

4. Mardibasa ing Ngayogyakarta.

5. Pang. P. G. H. B. Surakarta.

6. Pang. Kwiksêkulbon Surakarta.

Tamu, tuwan dhoktor H. Krèmêr (H. Kraemer) sarjana putus dhatêng têmbung Jawi kina ing Ngayogyakarta, R. Sastrawijana jurubasa ing Ngayogyakarta, tuwan

--- 49 ---

tamu sanèsipun watawis wontên 150.

Wanci jam 9, pangarsaning Pahêman Radyapustaka ambikak parêpatan sarta mêdhar sêsorah kadosdene ingkang kalampirakên punika (lampiran 1).

Wêwakilipun Radyapustaka (M. Prawiraatmaja) mratelakakên karampunganipun purpêgadêring.

Ha. Ingkang dados pangarsaning parêpatan Radèn Mas Arya Wuryaningrat, pangarsaning Pahêman Radyapustaka.

Na. Ingkang mratelakakên urutipun bab-bab ingkang karêmbag, utusan parentah karaton Ngayogyakarta, Mas Wadana Dwijasewaya.

Pangarsaning parêpatan kumisi ambikak parêpatan, apratela dhatêng para tamu manawi sami kenging urun rêmbag, mawi kawatêsan anggangsal mênit, nanging sami botên gadhah wêwênang tumut mutusi, kasêsanipun kêdah karancagakên wau, amargi kumisi wontên ingkang [ing...]

--- 50 ---

[...kang] namung angsal pamitan sadintên, dados rêmbag-rêmbag kaangkah sagêdipun rampung sadintên punika, wasana lajêng ngacarani dhatêng Mas Wadana Dwijasewaya miwiti ngrêmbag.

Mas Wadana Dwijasewaya miwiti ngrêmbag, kanthi mratelakakên ingkang badhe karêmbag punika panyêrat-panyêrat ingkang gèsèh, ngèngêti pangangkah nyamèkakên kasusastran Jawi, sagêda warni satunggal, mênggah urutipun ingkang karêmbag wau.

1. Panyêrat awêwaton rimbag. 2. Aksara murda. 3. Aksara swara. 4. Aksara rekan. 5. Ôngka Jawi.

Anggèning ngandharakên ingkang karêmbag botên badhe kaorèhakên panjang, kangge ular-ular namung badhe kasêrat tuladhanipun, murih katingal cêtha sarta rancag,

--- 51 ---

kados ta ing bab 1, kasêrat tuladhaning lingga, sawarnining atêr-atêr, sêsêlan, panambang dwipurwa tuwin dwilingga kalihan jamboran.

I. Têmbung Lingga

Ha. 1. Tuna, wani, sêrat, lênga, punapa kasêrat 2. tunna, wanni, sêrrat, lêngnga

(wanda-wandanipun têmbung lingga kasêrat ngangge aksara rangkêp punapa lômba)

Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) apratela panyêratipun têmbung-têmbung punika botên ngrangkêp aksara, dene ingkang nyêrat karangkêp punika namung kabêkta saking pakulinan, kalantur wiwit kala kina nyengkok sêratan Sangskrita: citta, buddhi, bikku, kinnara, sasaminipun (mirsanana sêrat sandi anggitanipun Propesor H. Kèrên (Professor H. Kern)).

Parêpatan nyondhongi dhatêng tataning panyêrat ôngka 1.

--- 52 ---

Putusan: panyêratipun têmbung lingga punika, wandanipun botên ngrangkêp aksara.

Na. Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) apratela wontên têmbung satunggal ingkang panyêratipun kêdah karêmbag.

1. tanya, punapa 2. tannya

Wêwakil kwiksêkulbon (Mas Jayasugita) apratela bilih botên kasêrat tanya, inggih aluwung tanya,Huruf Jawa yang dipakai: aksara na dipasangi dengan pengkal. makatên punika miturut bangunan enggal (tanya) utawi nglêstantunakên cara kina (tanya)Huruf Jawa yang dipakai: aksara na dipasangi dengan pengkal. nya kala kina punika, ing sapunika pakêcapanipun nya.

Utusan kadipatèn Paku Alaman pitakèn, tannya punika têmbung lingga punapa rimbag, punapa dede têmbung wancahan, ingkang wêtahipun tatannya: kapatitisakên ing bausastra, tannya, têmbung lingga.

--- 53 ---

Wêwakil Radyapustaka (R. Ng. Suradipura) apratela manawi botên ngangge sêsigêg punika gampil kaungêlakên ta, nya, pasaksènipun têmbung kasa kawaos ka. sa. nadyan ka wau atêr-atêr sasaminipun: karo, katêlu.

R. Tu.T. Wôngsanagara, mratelakakên na sigêg dipun pasangi nya, punika botên nama rangkêp, amila sêratan tannya (ngangge sêsigêg na), botên nyulayani putusan ôngka 1: ha.

Pinanggihing petang pamilih, condhong dhatêng ôngka satunggal 4, dhatêng ôngka kalih 4, balangko 1: sarèhning ingkang kathah sami, amila ingkang balangko (utusan karaton Ngayogyakarta) kasêtèm piyambakan, sabab waunipun utusan-utusan wau pamanggihipun botên gumolong, pinanggih ing sêtèman milih ôngka 2.

--- 54 ---

Ingkang makatên wau pamilih dhatêng ôngka kalih dados 5.

Putusan: panyêratipun tannya (sigêg na).

II. Anuswara nya (sêsigêg nya)

1. anyjara punapa 2. anjara

(Atêr-atêr anuswara: nya, sarta sêsigêg satêmbung ingkang ambukani: ca, ja)

Rêmbag-rêmbag punika nuwuhakên pamanggih warni kalih.

Ha. Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) nglastantunakên wontênipun sêsigêg: nya, dening ngèngêti dhatêng warganing aksara ca, ja, nya, sami aksara cêthak, anggèning ngêkahi wau ngangge pasaksèn sarojaning wod:

dang - dangdang - dandang, cêcak kalintonan: na, warganing aksara da, sami aksara untu: bang- bangbang, bambang (cêcak kalintonan ma, warganing aksara nya, sami aksara lambe):

--- 55 ---

cang - cangcang - canycang (cêcak kalintonan nya, warganing aksara ca, sami aksara cêthak.

Na.Wêwakil kwiksêkulbon (Mas Jayasugita) mratelakakên, angèngêti dhatêng gampilipun panyêrat, dening botên manah badhe ambukani aksara punapa-punapa, punika sêsigêgipun kêdah na, amargi gampilipun panyêrat wau sagêd dados panancang dhatêng ajêng (arêp), -ngipun nyêrat ngangge aksara Jawi.

Kawêwahan katrangan dhatêng wêwakil satunggalipun (R. Brata Arjiya) sêsigêg na, akalihan nya, punika samôngsa kasêrat latin sami dene: n, mêndhêt runtutipun akalihan panyêrat latin wau, kêdah namung wontên sêsigêg satunggal, inggih punika: na, nya, botên wontên.

Dumugi samantên Radèn Sastrawijana nyêlani asuka pêpèngêt, sampun ngantos anggêpok aksara latin, awit punika [puni...]

--- 56 ---

[...ka] dede prakawis ingkang karêmbag wontên ing parêpatan ngriki.

Wasana wêwakiling kwiksêkulbon apratela, anggèning ngangge têtandhingan aksara latin punika botên saking brangtanipun, namung kabêkta saking kawontênan ingkang sampun tumindak.

Wêwakiling Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) mabêni katrangan saking wêwakil kwiksêkulbon, anggampilakên panyêrat kados makatên punika, botên ngajêngakên rêmênipun sami nyêrat ngangge sastra Jawi, malah angosok wangsul, sarèhning mênggahing kawruh katingal wadhagipun, têmahan adamêl kêmba.

Rêmbag-rêmbag kamanah sampun dumugi, wasana kasêtèm, pinanggihing petang pamilih, condhong dhatêng ôngka satunggal: 7,

--- 57 ---

dhatêng ôngka kalih: 2.

Putusan: sêsigêg: nya, taksih kalastantunakên wontênipun, inggih punika wontên ing atêr-atêr anuswara, akalihan ingatasipun satêmbung, manawi ambukani: ca, ja.

III. Atêr-atêr anuswara

1. nantang, punapa 2. anantang

(Atêr-atêr anuswara ingkang ngluluhakên purwaning têmbung, kasêrat ngangge ha, punapa botên).

Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) mratelakakên atêr-atêr anuswara punika sakawit namung ngombangipun aksara irung, botên kanthi: ha, amila lêrêsipun namung kêdah kasêrat nantang.

Parêpatan anyondhongi dhatêng ôngka satunggal.

Putusan: atêr-atêr anuswara ingkang

--- 58 ---

ngluluhakên purwaning têmbung kasêratan ha, kajawi manawi wontên parlunipun, punika kawênangakên kasêrat ngangge ha.

IV. Atêr-atêr ka (bawa ka)

1. kêbanyjur, punapa 2. kabanyjur

(Rimbag bawa ka, atêr-atêripun kasêrat ngangge pêpêt punapa botên)

Wêwakil P. G. H. B. mratelakakên ngangge pêpêt, parlu kangge ambedakakên cawuhipun kalihan tanggap ka, makatên punika sanadyan atêr-atêripun ka, utawi nama rimbag bawa ka.

Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) pratela rujuk dhatêng pêpêt, lêrês miturut wêwaton ing sandi ka, nanging ambedakakên akalihan tanggap ka, kamanah parlu sangêt, amargi manawi tanpa pêpêt, adhakan sangêt damêl pêtênging ukara.

--- 59 ---

Wêwakil kwiksêkulbon (Mas Jayasugita) mratelakakên condhong tanpa pêpêt, wiwit kina mila botên wontên atêr-atêr kê, tandhanipun wod: ton dados katon, botên kêton, jog dados kajog, kêjogan punika saking ing lingga: êjog, têgêsipun atêr-atêr wau kala kina, uwis wontênipun pêpêt punika kabêkta saking pakêcapan dados purwanipun têmbung nigang wanda.

Utusan karaton Ngayogyakarta (M. W. Dwijasewaya) nêngahi rêmbag, pamanggihipun warni kalih punika sami awratipun, kasêrat: kabanyjur tanpa pêpêt, punika anggondhèli kasusastranipun (etijmologisch) wangsul kasêrat kêbanyjur ngangge pêpêt, punika awêwaton pakêcapan (phonetisch), tur mêngku paedah agêng ambedakakên kalihan [kali...]

--- 60 ---

[...han] tanggap ka wau, warni kalih punika kantun milih awrat dhatêng pundi. Wasana kasêtèm, pinanggihing petang pamilih dhatêng ôngka satunggal: 7, dhatêng ôngka kalih: 2.

Putusan, manawi wontên parlunipun, atêr-atêr ka, ing rimbag bawa ka, kasêrat ngangge pêpêt.

V. Sêsêlan la

1. jlêrit punapa 2. jalêrit

(Têmbung ingkang angsal sêsêlan: la, kasêrat ngangge panjingan la, punapa botên)

Ingkang parlu kapratelakakên rêmbag wontên warni kalih ngosok wangsul.

Ha. Utusan parentah Ngayogyakarta pamanggihipun, kacêkak wujud panjingan, nanging manawi wontên parlunipun [parluni...]

--- 61 ---

[...pun] kawêtahakên.

Na. Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) pamanggihipun kasêrat wêtah, manawi wontên parlunipun kenging kacêkak awujud panjingan la, ing pamanah ngruntutakên kalihan watakipun sêsêlan na sarta ma.

Pinanggihing petang pamilih, dhatêng Ha, kathahipun 3, dhatêng Na kathahipun 6.

Putusan, sêsêlan la, watakipun kados sêsêlan sanèsipun, inggih punika dados wanda piyambak, nanging manawi wontên parlunipun kenging kacêkak panyêratipun, sêsêlan la dados panjingan wanda ngajêngipun, wêwaton punika ugi tumrap dhatêng têmbung nigang wanda, wandanipun têngah la, kados ta: kalapa, baludru, sasaminipun, kasêrat wêtah nigang wanda, nanging manawi wontên parlunipun kenging kasêrat cêkak klapa, bludru.

--- 62 ---

VI. Sêsêlan na

1. pinayungan punapa 2. pinnayungan

(Sêsêlan na, kasêrat rangkêp punapa lômba)

Parêpatan condhong dhatêng ôngka 1.

Putusan, sêsêlan na, kasêrat tanpa gondhèl, runtut akalihan sêsêlan ma, botên kasêrat ma rangkêp.

VII. Panambang ha

1. jaraha, tukuwa, mangkeneya

2. jaraa, tukua, mangkenea

3. jarawa, tukuwa, mangkeneya

(Panambang ha, manawi sumambêt ing wanda mênga

1. Ingkang nglêgêna, lastantun ha, ingkang ngangge suku santun wa, ingkang ngangge taling santun ya.

2. Nglêgana,Nglêgêna. ngangge suku, sarta taling (tiga pisan) lêstantun ha.

3. Ingkang nglêgêna sarta ngangge suku ewah [e...]

--- 63 ---

[...wah] wa, ingkang ngangge taling ewah ya).

Pinanggihing petang pamilih, condhong dhatêng ôngka satunggal: 8, dhatêng ôngka kalih: 1.

Putusan, panambang ha, manawi sumambêt ing wanda mênga, wontên warni tiga: ha, manawi nglêgêna, lastantun ha, botên ewah na, manawi kanthi suku utawi taling tarung, kaewahan dados wa, ca, manawi kanthi wulu utawi taling, kaewahan dados ya, ewadene botên sagêd ewah kados ingkang kapratelakakên ing na lan ca wau, samôngsa wanda ingkang kadunungan suku utawi taling tarung (na) punika aksara wa, sarta ingkang kadunungan wulu utawi taling (ca) punika aksara ya, kados ta: sawoa, nawua, priyayia, kapriyea.

VIII. Panambang e

Lingga jara, lingga jaran

--- 64 ---

1. jarane jaranne

2. jaranne jaranne

3. jarane jarane

(Panambang e, anyambêti wanda mênga kalihan sigêg na, wontên warni tiga: 1. ingkang nyambêti wanda mênga tanpa na gondhèl, ingkang nyambêti sêsigêg na, ngangge gondhèl, 2. kalih pisan kagondhèl, 3. tanpa gondhèl kalih pisan).

Mas Prawiraatmaja maos sêrat saking Bale Pustaka katitimangsan kaping 23 Oktobêr 1922, ôngka 10731, ingkang têtêdhakanipun kakanthèkakên punika (lampiran 2), kapêthik prakawis panambang e, manawi sumambêt ing wanda mênga, kalintu ne tanpa gondhèl ne, punika tumrap ing basa Malayu nja, ing basa Sundha lan Madura na,

--- 65 ---

dados panambang e, purwanipun ne.

Wêwakil kwiksêkulbon (Mas Jaya Sugita) mratelakakên, panyêratipun panambang e, warni kalih: Ha, cara kina tanpa gondhèl sadaya; Na, cara enggal ngangge gondhèl sadaya. Warni kalih wau kwiksêkulbon milih ingkang kantun (ngangge gondhèl sadaya) nalaripun saking ewahipun e dados ne wau masthi wontên pitulungan sanès, punika kasigêgakên na.

Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) mratelakakên bilih Radyapustaka botên gadhah putusan ingatasipun panambang e, dening lid kumisi botên sagêd golong pamanggihipun, mila wêwakil sami badhe mratelakakên pamanggihipun piyambak-piyambak, wasana anggêlarakên pamanggihipun piyambak Ha,

--- 66 ---

mabêni panambang e, aslinipun dede saking ne, na, andharan cara kina tanpa gondhèl, sanadyan têmbungipun sampun sigêg na, punika kabêkta kala samantên tataning panyêrat ngangge, ingkang sapunika limrahipun kawastanan sastra laku, kadosdene kidangika manganumbuti ngarèn.

Ca. Mabêni dhatêng nalar ewahipun e, dados ne, kapitulungan an, utawi sigêg na, amargi upami kapitulungan an, ingatasipun ingkang tumrap ing wanda mênga kadunungan suku, ewah dados taling tarung, bilih wulu ewah dados taling, môngka yêktinipun botên, kados ta: dhuku, dados dhukune. Manawi mawi pitulungan an, dados dhukonne, botên sagêd dados dhukunne (suku ewah dados taling tarung), budi, budine, manawi angsal pitulungan an, budènne,

--- 67 ---

botên budinne (wulu ewah dados taling). Ra, lêrês cara kina panambang an, punika n, sarta sagêt botên ngewahakên sandhangan suku sarta wulu, kados ta: dadi, kadadin, dhatu, kadhatun, nanging wontênipun sapunika mêsthi ewah, punika ingkang kêdah katurut. Ka, wontênipun e, ewah dados ne, margi saking ngêndhong swara n (ngombangipun na).

Pinanggihipun petang pamilih dhatêng ôngka satunggal: 6, dhatêng ôngka kalih: 3.

Putusan, panambang e, manawi nyambêti wanda mênga, ngêndhong n (ngombangipun na) dados ne, botên mawi pitulunganipun panambang an, sababipun kados andharan Prawiraatmajan, dene tumrap ing wanda sigêg kados panambang sanès-sanèsipun, lajêng ewah dados pasangan sêsigêg.

--- 68 ---

IX. Panambang i

1. anyjarani punapa 2. anyjaranni (lingganipun sami: jara)

(Panambang i, sumambêt ing têmbung ingkang wêkasanipun mênga, ngangge gondhèl punapa botên).

Wêwakil P. G. H. B. (Mas Yasawidagda) condhong dhatêng ôngka kalih, sumambêtipun wau kapitulungan panambang an, katitik saking ewahipun wulu dados taling, suku dados taling tarung, kados ta: titi, nitènni, tatu, natonni.

Parêpatan nyondhongi dhatêng ôngka kalih.

Putusan, panambang i, manawi nyambêti wanda mênga, kapitulungan an rumiyin, mila i dados ni, ngangge gondhèl, katitik saking ewahipun wulu kalihan suku dados taling

--- 69 ---

kalihan taling tarung, runtutipun ingkang wandanipun wêkasan namung nglêgêna, inggih kêdah kapitulungan an, kados ta:

iji - ngijènni

têmu - nêmonni

padha - madhanni

X. Panambang an

1. kalakuwan, kadadeyan, punapa

2. kalakuan - kadadean

(Panambang an, tumrap ing têmbung ingkang wêkasanipun mênga, môngka botên sagêd luluh, manawi kadunungan suku ewah dados wan, manawi kadunungan wulu ewah dados yan, punapa lastantun an).

Parêpatan condhong milih dhatêng ôngka satunggal.

Putusan: an, sumambêt ing wanda mênga ingkang botên saged luluh, manawi

--- 70 ---

wanda wau kadunungan suku utawi taling tarung, ewah dados wan, bilih kadunungan wulu utawi taling ewah dados yan.

XI. Panambang an

1. kapatihan punapa 2. kapatiyan

(Panambang an, tumrap ing wanda ingkang angsal wignyan kanthi wulu, kawêtahakên, punapa panambangipun kaewahan yan, sarta ngicali wignyan)

Parêpatan condhong dhatêng pamanggih ôngka satunggal.

Putusan, têmbung ingkang wandanipun wêkasan angsal wignyan kanthi suku utawi wulu, bilih dipun panambangi an, wanda kalihan panambangipun wau sami botên ewah, nanging manawi sampun mèh ical babar pisan têgês ingkang saking uwiting lingganipun, wignyanipun dipun [di...]

--- 71 ---

[...pun] icali lan panambang an, ewah wan, ingkang wandanipun ngangge suku, ewah yan, ingkang ngangge, kados ta: kaliyan (lingganipun kalih), kawruwan (lingganipun wruh), paliyan (sadhèrèk tunggil sêsêpan, lingganipun palih).

XII. Panambang ên

Lingga jara lingga kongkon

1. jaranên kongkonnên

2. jarannên kongkonnên

3. jaranên kongkonên

(Panambang ên, sumambêt ing wanda mênga kalihan sigêg na, ugi warni tiga kados panambang e VIII 1. ingkang nyambêti wanda mênga tanpa: na gondhèl, ingkang sigêg ngangge gondhèl, 2. kalih pisan kagondhèl, 3. tanpa gondhèl kalih pisan).

Watakipun panambang ên, sami kalihan [kali...]

--- 72 ---

[...han] panambang e, amila parêpatan inggih lajêng ngajêngi dhatêng ôngka 1.

Putusan kadosdene ôngka VIII panambang ên, sumambêt ing wanda mênga botên kapitulungan an, sajatosipun ngêndhong n dados nên, manawi tumrap ing wanda sigêg na, inggih kados dhatêng sigêg sanèsipun, dados pasangan sêsigêg, mila ngangge gondhèl.

XIII. Panambang ana

jarannana (lingga jara), kongkonnana

(Wanda wêkasan mênga akalihan sigêg na, manawi angsal panambang ana, kalih pisan sami kasêrat ngangge gondhèl).

Katrangan: panambang ana, punika watakipun angêplêki panambang i, amargi lakar ewahipun panambang i wau [wa...]

--- 73 ---

[...u] manawi kadamêl agnya utawi sambawa.

Parêpatan condhong dhatêng panyêratipun têmbung jarannana (ngangge gondhèl).

Putusan nunggil laras akalihan ôngka IX (panambang i), inggih punika panambang ana, manawi nyambêti wanda mênga, ugi angsal pitulungan an, kajawi mêndhêt pasaksèn ewahipun suku sarta wulu, kados panambang i, ugi manah runtutipun dening saking ewahipun i, manawi kadamêl agnya utawi sambawa.

XIV. Panambang ake

Lingga jara, lingga jarak

1. anyjarakake anyjarakkake

2. anyjarakake anyjarakake

3. anyjarakkake anyjarakkake

(Panambang ake, tumrap ing wanda mênga, kalihan sigêg ka, warni tiga:

1. Ingkang mênga ake, ingkang sigêg kake. [kake...]

--- 74 ---

[....]

2. ake sadaya, 3. kalih pisan kake)

Parêpatan condhong dhatêng ôngka satunggal.

Putusan, panambang ake, tumrap ing wanda mênga, wanda wau kasigêgakên ka, panambangipun lastantun ake, dene tumrap ing wanda sigêg ka, nglênggahi wataking panambang dados kake. Mênggah ingkang dados sababipun ing wanda mênga wau botên angewahi ake, sanadyan sampun kasigêgakên ing ka rumiyin, parlu kangge ambedakakên ingkang wandanipun sakawit sigêg kalihan botên kados ta:

lingga lara - nglarakake

lingga larak - nglarakkake

XV. Panambang ake

Lingga pakan, dados: 1. makakake, punapa 2. makakkake

--- 75 ---

(Panambang ake, wontên ing wingkingipun wanda sigêg na, sarta tanpa sandhangan, lastantun ake, punapa ewah kake)

Parêpatan nyondhongi ewah dados kake.

Putusan, panambang ake, wontên wingkingipun wanda sigêg na, sarta tanpa sandhangan, manawi sêsigêgipun dipun ewahi ka, ake, ewah dados kake.

Wanci jam 12, anggèning parêpatan ngaso dumugi jam 12.15 katapukakên malih nglajêngakên.

XVI. Panambang na

Lingga turun, lingga golèk

1. turunna golèkna

2. turunêna golèkêna

3. turunnêna golèkkêna

(Panambang na, tumrap ing wanda sigêg warni

--- 76 ---

tiga: 1. botên ewah, 2. kaulur êna, 3. kaulur, nanging ê, ewah dados pasangan sêsigêg).

Parêpatan nyondhongi dhatêng ôngka 1, manawi wontên parlunipun kaulur kados ôngka 3.

Putusan, paambang na, tumrap ing wanda sigêg, kasêrat sami botên ewah, nanging manawi wontên parlunipun, panambang na, kaulur êna, sarta ê, ewah dados pasangan sêsigêg.

XVII. Panambang an, a

1. sabukkanna punapa 2. sabukkana

(Rangkêpipun panambang an kalihan a, lastantun angênggèni wataking rimbag, punapa kaewahan ana).

Parêpatan nyondhongi dhatêng ôngka kalih.

Putusan, panambang a, anyambêti panambang an, kasêrat tanpa gondhèl,

--- 77 ---

dados rangkêpipun ana, amargi ing pakêcapan botên anna, limrahipun ana.

XVIII. Panambang ipun

1. pakunipun pakonnipun

rotinipun rotènnipun

(Panambang ipun, samambungsumambung. ing wanda mênga, kadunungan suku utawi wulu: 1. sandhanganipun botên ewah, sarta kados panambang e, 2. suku utawi wulu ewah dados taling tarung utawi taling, punapa malih ngangge gondhèl).

Parêpatan condhong dhatêng ôngka 1.

Putusan, watakipun panambang ipun, kados e, dados botên ngewahakên sandhangan, sarta ewah dados nipun, nanging ing pakêcapan manawi wandanipun mênga kanthi wulu ewah dados taling, kanthi suku ewah dados taling tarung,

--- 78 ---

saha lajêng kasigêgakên ing na, mila lajêng mungêl kados: pakènnipun lan rotènnipun.

XIX. Bab ingkang kècèr

Ha. Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) usul: têmbung ingkang nigang wanda sarta purwanipun mênga, kados ta: nagara, wadana, salaga, kasêrat kêdah nglêgêna, punapa ngangge pêpêt, punapa sami kengingipun.

Parêpatan nyondhongi panyêratipun kêdah nglêgêna.

Putusan, têmbung nigang wanda ingkang purwanipun mênga lan nglêgêna, panyêratipun tanpa pêpêt, pêpêt wau namung wontên ing pakêcapan.

Na. Usulipun wakil kridhabasa ing Prambanan, têmbung nigang wanda ingkang purwanipun sigêg, kêdah kasêrat ngangge pêpêt punapa botên, kados ta: sêmbada,

--- 79 ---

cêmpurit, punapa sambada, campurit.

Wêwakil Radyapustaka (R. Ng. Suradipura) nêrangakên panyêratipun têmbung-têmbung wau ngangge pêpêt.

Parêpatan condhong dhatêng katrangan saking wêwakil Radyapustaka wau.

Putusan: têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg, kasêrat ngangge pêpêt, kados ta: sêmbada, cêmpurit, lênggana, bêndana, sasaminipun.

Ca. Usulipun wêwakil kridhabasa ingkang kaping kalih, panyêratipun: 1. parlu, 2. pêrlu, 3. prêlu.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta (Mas Wadana Dwijasewaya) ngandharakên pamanggih ingkang kamanah kenging kangge ular-ular ngrêmbag prakawis punika, sêsorahipun sawênèhing sarjana Walandi ingkang marsudi dhatêng basa Jawi

--- 80 ---

sampun kataliti ngantos anjalimêt, têmbung Jawi punika wandanipun kaping kalih kapetang saking wingking, manawi sigêg ngêmungakên dhatêng aksara irung, botên sagêd sigêg dhatêng aksara sanèsipun, kajawi ing têmbung-têmbung mônca.

Pamanggihipun kumisi warni-warni.

Putusan, panganggenipun layar, pêpêt, kanthi layar, sarta kêrêt, dumunung ing wanda kaping kalih saking wingking, nglastantunakên wêwaton ingkang sampun wontên, wontên têmbung sawatawis ingkang nyêbal, upaminipun: srêngenge (miturut wêwaton: sêrngenge). Kajawi punika manawi musabiat, panyêratipun manasuka.

XX. Dwipurwa

Ha. 1. tatuku - gagriya, punapa

2. tutuku - gigriya

--- 81 ---

(Panyêratipun rimbag dwipurwa warni kalih: 1. ngicali sandhangan swara, 2. nglastantunakên wontênipun sandhangan swara).

Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) apratela condhong dhatêng ôngka 2, inggih punika ngrangkêp sandhangan swara, mêndhêt pasaksèn sarojanipun têmbung wod sami ngrangkêp sandhangan swara, kados ta: bung, dados bumbung, kon - kongkon, pit - pipit.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta (Mas Wadana Dwijasewaya) mratelakakên condhong dhatêng ôngka 1. Pamahamipun gèsèh kalihan Radyapustaka, nama karangkêp purwanipun punika namung dumugi wanda, inggih punika aksara, wangsul Radyapustaka dalah sandhanganipun swara.

Ingkang rujuk dhatêng ôngka 1 wau mêwahi [mêwah...]

--- 82 ---

[...i] katrangan, icalipun sandhangan swara punika katitik manawi kadamêl tanggap da,na. kados ta: tinutuku, botên tinituku, dados saking: tatuku; binabeda botên binebeda, dados saking: babeda.

Pinanggihing petang ingkang milih ôngka satunggal 2, ingkang milih ôngka kalih: 7.

Putusan, rimbag dwipurwa punika ngrangkêp sandhangan swara, dene sandhangan sanèsipun utawi sigêgan botên katut karangkêp, ingkang makatên punika mêndhêt pasaksèn sarojaning wod ugi ngrangkêp sandhangan swara.

Na. Wêwakil Radyapustaka (Mas Prawiraatmaja) usul panyêratipun:

1. gagônda punapa 2. gogônda

--- 83 ---

(Têmbung lingga ingkang purwanipun kadunungan sandhangan taling tarung, sarta sagêd ical dening kasambêtan panambang, manawi kadamêl dwipurwa: 1. ngicali taling tarung ing ngajêng, punapa 2. nglastantunakên).

Wêwakil Radyapustaka piyambak condhong dhatêng ôngka satunggal, amargi sajatosipun sandhangan taling tarung wau sambutan, tandhanipun ical dening kasambêtan ing panambang, mila dipun damêl dwipurwa, inggih kawangsulakên tanpa taling tarung.

Wêwakil P. G. H. B. (Mas Yasawidagda) condhong dhatêng ôngka 2, kadospundi mulabukanipun botên kamanah, namung wujudipun sapunika sampun ngangge taling tarung, mila katurutakên kalihan putusan XX ha, ngrangkèt taling tarung.

Pinanggihing petang pamilih dhatêng ôngka satunggal: 4, dhatêng ôngka kalih: 5.

--- 84 ---

Putusan, têmbung ingkang wandanipun ngajêng angsal sandhangan taling tarung, sarta ical dening dipun panambangi, bilih kadamêl dwipurwa ngrangkêp sandhangan taling tarung, botên nyulayani putusan XX ha.

X. Têmbung dwilingga, têmbung jamboran

1. alun-alun 2. alun-nalun

2. sapit abon 2. sapit tabon

Parêpatan condhong dhatêng ôngka satunggal.

Putusan dwilingga ingkang purwanipun aksara ha, wandanipun ing wingking sigêg, tuwin jamboran ingkang têmbungipun ing wingking apurwa ha, ngajêngipun wanda sigêg, punika kasêrat botên ewah, lastantun ha.

Dumugi samantên sampun wanci jam 1 siyang, môngka kumisi wontên ingkang kêdah mantuk numpak sêpur jam 2, amila

--- 85 ---

ngrêmbag kasusastran dipun sumênèkakên, golonging rêmbag bab sanèsipun badhe kalajêngakên karêmbag benjing liburan ing wulan Dhesèmbêr 1922, pamanggènipun lastantun wontên ing Surakarta, Radyapustaka ingkang ngajangi badhe nêtêpakên dintên tanggalipun.

Wanci jam 2.15 parêpatan kabibarakên.

--- 86 ---

22. Nalika ing dintên Ngahad tanggal kaping 31 Dhesèmbêr 1922, utawi tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal Jimawal 1853 Pahêman Radyapustaka andumugèkakên ngrêmbag kasusastran Jawi, wontên ing gêdhong musium, malêmipun Ngahad wanci jam 7 purpêrgadring, kawontênaning rêmbag-rêmbag, kados ing ngandhap punika.

Purpêrgadring

Ing wanci jam 8.15 pêrgadring kabikak dening presidhèn.

1. Anêtêpakên notilên kala pêrgadring dintên Ngahad tanggal kaping 29 Oktobêr 1922, notilên wau katawèkakên dhatêng para utusan, saking pamanahipun utusan, kwiksêkulbon, tumrap prostèl sarta dhêbatipun, salong kirang, kados ta: rimbag bawa

--- 87 ---

ka, kapêpêt punapa botên, kapratelakakên botên kapêpêt, punika lêrêsipun namung kangge sorah, dening atêr-atêr kê botên wontên, wontênipun ka, nanging pakêcapanipun kêdah kê, kêbanyjur, sasaminipun, cêkakipun notilên wau pamanggihipun Mas Wadana Dwijasewaya, botên sae, nanging upami kaewahan sampun rêkaos, pangandikanipun pursitêr, sarèhning kêkiranganipun nama namung sawatawis, kenging kalêrêsakên, sapunika notilên prayogi katêtêpakên, lajêng katêtêpakên.

2. Angrêmbag badhe pandamêlipun pêrslah, manawi sampun rampung badhe lajêng kakintunakên dhatêng sadaya lid komisi, salêbêtipun 15 dintên, para lid komisi manawi wontên ingkang dipun manah

--- 88 ---

kirang utawi sulaya lajêng kakintuna dhatêng pursitêr kanthi katrangan, ingkang kapilih damêl pêrslah: 1. Mas Wadana Dwijasewaya, 2. Mas Ngabèi Prawiraatmaja, 3. Radèn Ngabèi Suradipura.

3. Ngrêmbag manawi benjing sampun rampung badhe pandamêling sêrat ingkang konjuk ing Sahandhap Sampeyan Dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga tuwin kature girêng,katur rêgèring. punika inggih sêratipun Radyapustaka.

4. Badhe pandamêling wordhênlis, kêdah ngêntosi manawi sampun angsal dhawuh saking paprentahan 5 kasêbut pangrêmbag adêg-adêg 3,

--- 89 ---

dene ingkang badhe damêl wordhênlis, kapasrahakên Radyapustaka, sarta wordhênlis wau ingkang têmbung Kawi, kêdah dipun têgêsi, ingkang kangge babon, wordhênbuk karanganipun tuwan Rurdha.

5. Ngrêmbag sadaya ingkang badhe karêmbag dintên Ngahad enjing, kados ta: panganggening aksara murda, aksara swara tuwin sanès-sanèsipun, kacathêtan dening Mas Wadana Dwijasewaya, wanci jam 11.12 pêrgadring katutup.

23. Pêrgadring dintên Ngahad enjing

Jam 1/2 10, pêrgadring kabikak, saha lajêng angrêmbag.

1. Panyêratipun têmbung: sêmbada, cêmpurit, katêtêpakên mawi pêpêtan, botên sambada, campurit, makatên sasaminipun ingkang purwaning lingga nyigêg ma.

2. Têmbung parlu, pêrlu, prêlu, kala pêrgadring kapêngkêr [kapêng...]

--- 90 ---

[...kêr] kangge manasuka, punika nama dèrèng putus, sapunika kêdah kaputus, kadospundi karampunganipun par utawi prê, amargi panyêrating aksara NgarapNgarab. parlu, pakêcapan prêlu.

3. Karuwan, manawi angsal panambang ne, punapa karuwanne, punapa karuhanne, pakehan, pakehanne, punapa kèhanne, karampunganipun mawi wignyan.

4. Pituduh ing, ingkang ngajêngakên têmbung purwaning lingga aksara ha, kados ta: alun-alun, punapa kasêrat ing alun-alun, punapa ing ngalun-alun, karampunganipun luluh, ing ngalun-alun, ing ngarêp, ingkang angajêngakên purwaning lingga aksara ra, ugi luluh riku, dados ing ngriku.

--- 91 ---

5. Têmbung ingkang purwanipun ha, kados ta: ala, angsal atêr-atêr ing, punapa luluh punapa botên, karampunganipun manawi cêtha, kados ta: ala, kasêrat piala, nanging manawi lingganipun botên cêtha, kados ta: ôngga, kasêrat luluh, kados ta: priyôngga, piyambak.

6. Kriya wacaka panyêkêl, karana wacaka panêpèn, punapa kasêrat pannyêkêl, punapa panyêkêl, pannêpèn punapa panêpèn, karampunganipun panyêkêl, panêpèn.

7. Raharja, prahara, punapa kasêrat rahharja, prahhara, punapa raharja, prahara, karampunganipun raharja, prahara, awit atêr-atêr ra, pra.

8. Tosan, lesan, rosan, punapa kasêrat tossan, lessan, rossan, karampunganipun kasêrat

--- 92 ---

tossan, lessan, rossan.

9. Dunya punapa donya, karampunganipun donya.

10. Panyêratipun têmbung ingkang sigêg uruting wanda aksara rawimawi. sandhangan gêmbung, kados ta: tangan kwagaHuruf Jawa yang dipakai: aksara na dipasangi dengan aksara ka diikuti pasangan aksara wa di bawahnya. punapa kasêrat tangan kwaga,Huruf Jawa yang dipakai: aksara na dipasangi dengan aksara ka diikuti pasangan aksara wa di sampingnya. punapa tangan kuwaga,Huruf Jawa yang dipakai: aksara na dipasangi dengan pasangan aksara ka disuku. karampunganipun tangan kwagaHuruf Jawa yang dipakai: aksara na dipasangi diikuti aksara ka dengan pasangan aksara wa.

11. Aksara murda, kados ta: karsa, karna, punapa karSa, karNa, kaNdhi, kaNthi, punapa kandhi, kanthi, karampunganipun aksara murda botên kaangge, dados karsa, karna, kandhi, kanthi, hèsthi, masjid, sasaminipun.

12. Tataprunggu, kangge nama taksih lêstantun.

13. Aksara swara lê, lêstantun, namung manawi kangge pasangan, ngangge la kapêpêt, kados ta: jaluk lênga, cêkêllên.

--- 93 ---

14. Aksara swara rê, I, punapa kenging panyêratipun Pa,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa murda dicêrêt. Ba,Huruf Jawa yang dipakai: aksara ba murda dicêrêt. karampunganipun botên kenging, kêdah rê, i.

15. Aksara swara A, I, E, O, U, botên kenging dados pasangan, kêdah nyigêg rumiyin, kados ta: taun Alip, kitab Injil, taun Ehe, wulan Oktobêr, sasaminipun.

16. Aksara rekan, inggih punika aksara ingkang kacêcak tiga, kados ta: khaji, punapa kaicalan punapa taksih, karampunganipun taksih, namung panganggenipun manawi badhe nyêthakakên ing panyêrat miturut têmbungipun mônca, sarta pamanggèning cêcak tiga manawi sarêngan sandhangan ingkang wontên nginggil, upami wulu pangêtrapipun makatên khi utawi sapamrayoginipun.

17. Pada ingkang kangge tôndha-tôndha

--- 94 ---

patakèn sapanunggilanipun, taksih kaangge, malah tôndha-tôndha saking têmbung Landi prahtikên, sapanunggilanipun, kêdah botên kangge.

18. Ôngka rum tuwin Landi, kaangge urut-urutan, taksih kangge punapa botên, karampunganipun taksih kaangge, kangge bedakakên bab-bab, kados ta: bab I perangan 4, namung panganggenipun aksara Walandi, upami bab II perangan 5, aksara A punika A, botên kaangge, kasantunan aksara Jawi ha.

19. Manawi nyêrat Jawi, kawoworan aksara Landi, panyêratipun aksara Landi punapa lêstantun wontên nginggil jidar punapa kasêrat wontên ngandhap jidar, karampunganipun kasêrat sangandhaping jidar, mila makatên amargi

--- 95 ---

gandhengan kalihan kathah kêdhiking waragad manawi angêcapakên damêl buku-buku, manawi kawoworan aksara Landi ngantos kathah, sarta panyêratipun wontên nginggil jidar. Longgaring jidaran mêsthi langkung wiyar tinimbang kalihan panyêratipun aksara Jawi, dados upami balêbêg aksara Jawi 100 kaca, manawi kawoworan aksara Landi kathah dados 140 kaca, punika waragadipun lajêng mindhak gangsal wêlasan, karampunganipun kasêrat ngandhap jidar.

20. Ôngka Landi 2, ingkang kangge tôndha mungêl rangkêp, kados ta: omah2 punika kalêstantunakên punapa botên, karampunganipun kêdah botên kaangge, prayogi rangkêp panyêratipun, omah-omah sapanunggilanipun.

Wanci jam 1 1/4 pêrgadring katutup.

--- 96 ---

Ôngka 94

24. Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka katur utusaning paprentahan karaton dalêm Surakarta angrêmbag kasusastran Jawi.

Sasampuning kadya punika wiyosipun ingkang asarêng punika Pahêman Radyapustaka angaturakên nutilên purpêrgadring kala kaping 29 Dhesèmbêr 1922, sarta nutilên parêpatan kumisi kasusastran kala kaping 30 ugi Dhesèmbêr wau, manawi wontên ingkang kagalih kirang sarta lêpat mugi kaparênga ngewahi sarta mêwahi, kula sumôngga.

Surakarta kaping 12 April 1923.

Wisesa W. G. Wuryaningrat.

Panitra

W. G. Prajakintaka

--- 97 ---

25. Sêratipun utusaning paprentahan karaton dalêm ing Surakarta angrêmbag kasusastran Jawi, katur wisesaning Pahêman Radyapustaka.

Kulanuwun, kula sampun anampèni sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, katitimangsan kaping 12 April 1923 ôngka 94, kanthi nutilên purpêrgadring kala kaping 29 Dhesèmbêr 1923, sarta nutilên parêpatan kumisi kasusastran kala kaping 30 ugi Dhesèmbêr wau, manawi wontên ingkang kirang tuwin lêpat, supados kawêwahan saha kaewahan.

Ingkang punika nutilên wau sampun sami kula waos, saking kaèngêtan kula, sadaya rêmbag saha karampunganipun kala purpêrgadring sarta parêpatan ing wulan Dhesèmbêr 1922 wau, sampun [sampu...]

--- 98 ---

[...n] lêrês, wasana mugi andadosakên kauningan saha nyumanggakakên.

Katur tanggal kaping April 1923.

26. Pèngêtan purprêgadêring kumisi kasusastran ngrintênakên ing dintên Ngahad kaping 30/31 Dhesèmbêr 1922 manggèn ing griya musium Sri Wadari Surakarta.

Ingkang aparêpatan.

Pangarsa Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Kumisi.

1. Utusan parentah karaton Surakarta Radèn Ngabèi Nitipraja, Mas Ngabèi Èsmutani.

2. Utusan parentah karaton Ngayogyakarta Radèn Tumênggung Jayadipura, Mas Wadana Dwijasewaya.

3. Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran [Mang...]

--- 99 ---

[...kunagaran] Radèn Ngabèi Citrasantana, Mas Wôngsadiarja.

4. Utusan parentah kadipatèn Paku Alaman Radèn Panji Jayèngpranata.

5. Wêwakil kwiksêkulbon Mas Jayasugita, Radèn Brata Arjiya.

6. Wêwakil P. G. H. B. Mas Yasawidagda, Mas Andaga Widyakaryasa.

7. Wêwakil P. G. B. Radèn Sutarman, Mas Tôndhadisastra.

8. Wêwakil Radyapustaka, Radèn Ngabèi Suradipura, Mas Prawiraatmaja.

Jam 8.5, pangarsa napukakên parêpatan ingkang karêmbag:

I. Nêtêpakên pèngêtan parêpatan kumisi nalika kaping 27 Oktobêr 1922, pangarsa apratela pandamêlipun pèngêtan [pèngê...]

--- 100 ---

[...tan] karingkês, ing têmbe panggarapipun prêslah kaulur.

1. Pangarsa mratelakakên lêpatipun ing pèngêtan putusan ôngka 4 (bawa ka) lêrêsipun mungêl: rimbag bawa ka, atêr-atêripun ka kapêpêt, yèn botên damêl kalintuning panyuraos, botên cawuh kalihan tanggap ka, kenging tanpa pêpêt.

2. Ewah-ewahan saking kwiksêkulbon.

Ha. Ing ôngka VIII adêg-adêg kaping tiga (andharan kwiksêkulbon), nalaripun saking ewahipun ... (salajêngipun dumugi pada lungsi), lêrêsipun botên ngangge mratelakakên makatên, amila gatra wau kêdah kapêjahan.

Na. Putusan ôngka VV gèsèh

--- 101 ---

kalihan nyatanipun, amargi wontên têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg na sarta ngangge sandhangan dipun panambangi ake sêsigêgipun ugi wontên ingkang ewah ka, kados ta: pinton, dados mintokake. Amila gatra sarta tanpa sandhangan kêdah dipun pêjahi.

Ca. Putusan ôngka XIX, katêdha ewahipun, amargi kathah têmbung-têmbung kados makatên ingkang purwanipun kêdah kasêrat tanpa pêpêt, kados ta: bandara, tamtama, sangsaya, sasaminipun.

Putusan wau lajêng kawêwahan: ingkang swaranipun ngangge pêpêt manggèn sawingkingipun gatra sapisan (têmbung lingga nigang wanda ing purwanipun sigêg, ingkang swaranipun ngangge pêpêt) salajêngipun.

Ra. Ing ôngka XX gatra: nama karangkêp [karangkê...]

--- 102 ---

[...p] purwanipun punika namung dumugi wanda, têmbung wanda kaewahan: aksara purwaning lingga. Dados mungêl: nama karangkêp punika namung dumugi aksara purwaning lingga gatra inggih punika aksara kapêjahan.

Ing wêwahan katrangan: tinatuku, lêrêsipun tinutuku.

Ka. Ingkang pèngêtan golongan ngajêng pratelanipun ingkang nyumêrêpi parêpatan ing adêg-adêg.

Tamu: tuwan ..., salajêngipun, ing pungkasan mungêl Tuwan Jugag, punika kadospundi kajêngipun.

Pangarsa mratelakakên punika jangkêpipun kasêrat E. Mudhi (E. Moodij).

3. Wêwakil P. G. B. apratela bilih pang P. G. B. Surakarta kala

--- 103 ---

samantên ugi akintun wêwakil.

Prasabên punika lajêng kasusulakên ing pèngêtan nunggil lan pratelan pakêmpalan ingkang akintun wêwakil dados ôngka 7.

II. Prêslah

Pangarsa apratela kadospundi pandamêlipun prêslah, sintên ingkang damêl sarta êsahipun badhe kadospundi lampahipun.

Ha. Utusan parentah karaton Ngayogyakarta usul, ingkang damêl punika prayoginipun sèkrêtaris, lajêng kaêsahan ing kumisi pan rêdhaksi pêpilihan kumisi agêng.

Putusan.

Kumisi agêng adamêl êpanging kumisi, ingkang kapatah nindakakên damêlipun prêslah angrampungi, sarta ngintun-ngintunakên, ing sasampunipun rampung, prêslah kawaradinakên dhatêng kumisi agêng

--- 104 ---

nitia ing saparlunipun, manawi wontên ingkang kaewahan, ewah-ewahan wau tumuntên katampèkna dhatêng kumisi alit, saha supados rancag, botên dados êntos-êntosan, anggèning ngintunakên ewah-ewahan wau kawangênan laminipun. Pratelan ewah-ewahan wau sasampunipun ngalêmpak, karêmbag ing parêpatanipun kumisi alit, kumisi alit wênang botên ngangge dhatêng ewah-ewahan ingkang kamanah kirang lêrês.

Parêpatan milih ingkang dados warganipun kumisi alit.

1. Radèn Mas Arya Wuryaningrat dados pangarsanipun.

--- 105 ---

2. Radèn Ngabèi Suradipura.

3. Mas Wadana Dwijasewaya.

4. Mas Prawiraatmaja.

5. Juru mèngêti (sèkrêtaris) tiga pisan.

Na. Pangarsa sêsorah ingkang limrah madêgipun kumisi punika wontên ingkang ngadêgakên, ing sarampungipun kumisi nindakakên padamêlanipun, adamêl palapuran (prêslah) palapuran wau katampèkakên dhatêng ingkang ngadêgakên kumisi kasusastran punika botên kados ingkang kapratelakakên ing ngajêng, madêgipun awit saking ajak-ajak, botên wontên ingkang ngadêgakên, ing têmbe palapuranipun badhe katampèkakên dhatêng sintên, samantên [sama...]

--- 106 ---

[...ntên] malih miturut putusan purpêgadêring nalika kaping 29 Oktobêr 1922, palapuran parêpatan punika kêdah kaaturakên dhatêng rêgèring saha parentah Jawi 4, kadospundi panindakipun, sintên ingkang nyorog, upami saking kumisi nama botên mantuk, dening adêgipun kumisi botên saking kaparêngipun parentah gangsal wau.

Prakawis punika dados rêmbag sawatawis dangu, wasana utusan parentah karaton Ngayogyakarta ingkang mungkasi rêmbag, kumisi punika lêrês madêgipun botên wontên ingkang ngadêgakên, wontênipun namung saking ajak-ajak, nanging ingkang gadhah ada ajak-ajak [ajak-a...]

--- 107 ---

[...jak] punika punapa botên nama ingkang ngadêgakên, sarèhning ingkang gadhah ada wau Radyapustaka, dados inggih Radyapustaka ingkang nampèni palapuranipun kumisi, salajêngipun Radyapustaka ingkang ngaturakên dhatêng rêgèring sarta parentah Jawi 4.

Parêpatan condhong dhatêng pirêmbag punika.

Putusan, palapuran katampèkakên dhatêng Radyapustaka, salajêngipun katur dhatêng parentah 5, kaborongakên.

Ca. Wurdhênlis.

Pangarsa apratela dhatêng parêpatan, sintên ingkang kapacak anggarap wurdhênlis, waragadipun mêndhêt saking pundi, sarta panggarapipun kadospundi.

--- 108 ---

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta asuka pêpèngêt, pandamêlipun wurdhênlis punika ngêntosana rumiyin ingkang dados kaparêngipun rêgèring, amargi manawi kasêsa damêl, môngka lajêng wontên katrangan rêgèring botên karsa ngagêm, punika badhe manggih pituna.

Pangarsa nawèkakên usul wau dhatêng ingkang gadhah usul sakawit (kwiksêkulbon) usul nalika purpêgadêring kaping 29 Oktobêr 1922 (punapa botên cêngkah kalihan usulipun).

Wêwakil kwiksêkulbon mangsuli, usul wau lakar nyulayani usulipun kala purpêgadêring ingkang kapêngkêr, nanging sapunika ngajêngi dhatêng usul enggal, amargi para guru botên kenging ngangge wurdhênlis, [wur...]

--- 109 ---

[...dhênlis,] samôngsa dèrèng dados kaparêngipun kangjêng guprêmèn.

Pangarsa nêdha katrangan dhatêng parêpatan kadospundi sagêdipun nyumêrêpi ingkang dados kaparêngipun kangjêng guprêmèn.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta, Mas Wadana Dwijasewaya apratela, sarèhning liding kumisi punika wontên ingkang dados lid polêk rad, inggih punika Mas Wadana Dwijasewaya piyambak, punika samôngsa wontên parlunipun sagah nyuwun katrangan ngangge wêwênang anggènipun dados lid polêk rad.

Rêmbag punika karampunganipun nyondhongi pirêmbag utusan parentah karaton Ngayogyakarta, inggih punika anggèning miwiti anggarap wurdhênlis ngêntosi manawi sampun nampèni [na...]

--- 110 ---

[...mpèni] katrangan kangjêng guprêmèn kaparêng ngagêm, mênggah ingkang kabêbahan anggarap Radyapustaka, kaêsahan ing kumisi alit.

Wêwakil Radyapustaka nglairakên pamanggihipun wurdhênlis wau sampun namung maligi pratelan têmbung-têmbung, kadosdene logat Malayu, nganggea mratelakakên lênggahing têmbungipun, ngoko punapa krama, sasaminipun. Ingkang kaping kalih, têmbung-têmbungipun ingkang kamanah angèl utawi Kawi, kasisihana têgêsipun cêkakan, wurdhênlis ingkang makatên kamanah badhe agêng paedahipun, amargi dumugi wêkdal punika dèrèng wontên bausastra têmbung Jawi kawrêdenan têmbung Jawi.

Wêwakil kwiksêkulbon condhong

--- 111 ---

sangêt dhatêng pirêmbag wau, nanging pamanahipun badhe rakaos pandamêlipun, pakèwêd anggèning mêndhêt wêwaton lênggahing têmbung-têmbung, amargi sawêg ing Surakarta kemawon ing karaton kalihan kantor kapatihan sampun gèsèh.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta sarta wêwakil sanèsipun malih sawatawis, sami mrêtelakakên ing condhongipun dhatêng usul Radyapustaka.

Wêwakil Radyapustaka asuka katrangan dhatêng wêwakil kwiksêkulbon, ingkang kangge wêwaton ing sapunika sayogi bausastra RuhdhaRurdha (dan ditempat lain). kemawon.

Parêpatan nyondhongi rêmbag Radyapustaka.

--- 112 ---

Putusan, pandamêlipun purdhênliswurdhênlis. kêdah kapacak lênggahing têmbung-têmbungipun, sarta ingkang kamanah angèl utawi têmbung Kawi, kasisihan têgêsipun cêkakan, ingkang kaangge wêwaton bausastra Rurdha.

Ra. Agendha ingkang badhe karêmbag ing parêpatan Ngahad enjing: Pangarsa mratelakakên urutipun ingkang karêmbag ing parêpatan Ngahad enjing kaping 3 Dhesèmbêr 1922.

Ing sadèrèngipun nglajêngakên cikalan rêmbag kala parêpatan ingkang kapêngkêr, dipun bukani nglêrêsakên putus-putusan ingkang kamanah sami dèrèng maton, bilih sampun rêsik putusan nglajêngakên cikalan wau, inggih punika

--- 113 ---

1. Aksara murda, 2. Aksara swara, 3. Aksara rekan, 4. Ôngka Jawi

Pangarsa nawèkakên punapa taksih wontên ingkang gadhah usul malih keceran tataning panyêrat ingkang dèrèng karêmbag.

Ingkang nusuli rêmbag:

A. Saking kwiksêkulbon.

1. Pada-pada Walandi ingkang kangge wontên ing sêratan Jawi.

2. Ôngka Walandi utawi Rum ingkang kangge wontên ing sêratan Jawi.

3. Aksara Walandi ingkang kangge ing sêratan Jawi.

4. Anggêsangakên pada-pada Jawi.

5. Sêratan Jawi samôngsa kasêrat sêsarêngan kalihan sêratan Walandi.

--- 114 ---

6. Panyêratipun têmbung-têmbung ingkang pakêcapanipun lajêng ngangge wignyan, karuhanne, pakèhana, lèmbèhane, jagohana, sasaminipun.

7. Ôngka kalih, ingkang kangge ing dwilingga (Paku 2) sarta sakalihan (sa 2 han).

8. Panjingan sanèsipun: wa, la.

B. Saking Radyapustaka.

1. Atêr-atêr pi tumrap ing têmbung apurwa ha.

2. Panyêratipun kriya wacaka kalihan karana wacaka, kados ta: panyêkêl, panêpèn.

3. Pasangan lê kasêrat [...]Huruf Jawa yang dipakai: pasangan aksara la dipêpêt. punapa [...]Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga lêlêt.

Wanda ingkang dipun panjingi manawi dados pasangan ing ngandhap sêsigêg.

4. Panyêratipun têmbung ingkang wandanipun ing têngah ha, sarta swaranipun wanda ing ngajêng [nga...]

--- 115 ---

[...jêng] kados ngangge wignyan kados ta: raharja, rahina.

5. Panyêratipun wisesa na lingga: tossan, lessan, rossan, sasaminipun.

C. Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran.

1. Panyêratipun: padamêllan punapa pandamêllan.

2. Panyêratipun: sôngka punapa saka.

3. Tôndhatangan kêdah cêtha.

Usul ôngka 3 punika botên dipun tampèni, jalaran botên gandhèng kalihan tataning panyêrat.

D. Utusan parentah kadipatèn Paku Alaman.

Panyêratipun: sunya akalihan dunya, ngangge sandhangan suku punapa taling tarung.

F.E. Usul saking kwiksêkulbon malih:

Sarampungipun ngrêmbag tataning panyêrat wêwakil [wê...]

--- 116 ---

[...wakil] kwiksêkulbon adarbe panêdha lastantuning adêgipun kumisi punika, eman manawi kabibarakên. Kwiksêkulbon gadhah pangangkah kumisi punika lajêng manaha panulak sirnanipun aksara Jawi, wêkdal punika sampun katingal titikanipun aksara Jawi badhe sirna, katindhih ing aksara latin, ancêr-ancêr panulakipun wau upami ingkang sami angajêngi aksara latin kathah anggèning mratelakakên sabab-sababipun, sabab ingkang agêng kados ta: iriding waragad pangêcap, gampiling panata, ringkêsipun, kumisi lajêng abudidayaa kadospundi lampah-lampahipun waragad ngêcap ngangge sastra Jawi inggih sagêd irid, katata gampil sarta ringkês.

--- 117 ---

Pangarsa asuka katêrangan, kumisi punika manawi sampun rampung kêdah kabibarakên, botên sagêd santun ada, sapunika kados sampun kathah pakêmpalan-pakêmpalan ingkang marsudi basa Jawi, sagêda bab punika lajêng kapasrahakên dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan wau.

Wêwakil kwiksêkulbon pratela, manawi pakêmpalan wau wontên ingkang botên manah dhatêng aksara Jawi.

Wakil Radyapustaka: pamanahipun tiyang ingkang rêmên dhatêng basa Jawi punika ugi masthi rêmên dhatêng aksara Jawi.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta, Mas Wadana Dwijasewaya, nyambêti, pancèn lêrês kados pratelanipun wêwakil kwiksêkulbon, Mas Wadana piyambak marsudi dhatêng têmbung Jawi,

--- 118 ---

nanging dhatêng aksaranipun botên.

Nampèni katrangan makatên wau, pangarsa nampèni pirêmbag wau, nanging badhe kapasrahakên dhatêng Radyapustaka, amargi punika ugi kalêbêt ing programipun.

Wanci jam 10 pakêmpalan bibar.

27. Pèngêtan Parêpatan kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi.

Parêpatan kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi ingkang kaping kalih wontên ing dintên Ngahad kaping 11 Jumadilawal Jimawal 1853 utawi kaping 31 Dhesèmbêr 1922, manggèn ing griya museum Sri Wadari Surakarta.

Pangarsa Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Kumisi ingkang dhatêng 9.

--- 119 ---

1. Utusan parentah karaton Surakarta, Radèn Ngabèi Nitipraja, Mas Ngabèi Èsmutani.

2. Utusan parentah karaton Ngayogyakarta, Radèn Tumênggung Jayadipura, Mas Wadana Dwijasewaya, Radèn Panèwu Jiwadipraja.

3. Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran, Radèn Ngabèi Citrasantana, Mas Wôngsadiharja.

4. Utusan parentah kadipatèn Paku Alaman, Radèn Panji Jayèngpranata, Radèn Ngabèi Sastrasudarma.

5. Bale Pustaka, Radèn Kamil.

6. P.G.H.B. Mas Yasawidagda, Mas Andaga Widyakaryasa.

7. Kwiksêkulbon, Mas Jaya Sugito, Radèn Brata Harjiya.

--- 120 ---

8. P.G.B., Radèn Sutarman, Mas Tôndhadisastra.

9. Radyapustaka, Radèn Ngabèi Suradipura, Mas Ngabèi Prajapustaka, Mas Prawiraatmaja.

Pakêmpalan guru-guru saking normalsêkul botên ngintunakên wêwakil.

Pakêmpalan ingkang ngintunakên wakil dados tamu: 1. Nitisastra ing Samarang, 2. Kridhabasa ing Prambanan, 3. Garapbon ing Surakarta, 4. Pakêmpalan guru Kristên ing Ngayogyakarta, 5.6. Kridhasastra sarta Mardibasa sami ing Madiun, 7. Mardibasa Ngayogyakarta.

Tamu sanès-sanèsipun ingkang dhatêng kirang langkung 180.

--- 121 ---

Jam 9 pakêmpalan katapukakên, pangarsa ambagèkakên wilujêng dhatêng ingkang sami dhatêng ing parêpatan, sarta nglairakên gênging panuwun tuwin bingahipun, dene kathah ingkang sami marlokakên dhatêng. Mratandhani badhe ajêngipun basa Jawi, pakêmpalan lajêng kabikak.

Sadèrèngipun anglajêngakên ngrêmbag cikalan, agendha parêpatan ingkang sampun inggih punika: aksara murda, aksara swara, aksara rekan, sarta ôngka Jawi. Parêpatan matitisakên ewah-ewahan sarta kêkiranganipun putus-putusan ingkang sampun.

1. Usul kwiksêkulbon.

Putusan ôngka 19 na mungêl têmbung lingga nigang wanda. Ingkang purwanipun sigêg, kasêrat ngangge pêpêt, punika gèsèh

--- 122 ---

kalihan nyatanipun, wontên sawatawis ingkang botên kenging kasêrat ngangge pêpêt, kados ta: tamtama, sangsaya.

Parêpatan ngewahi putusan wau dados mungêl têmbung lingga nigang wanda. Ingkang purwanipun sigêg, aksara irung. Manawi swaranipun ngangge pêpêt, inggih kêdah kasêrat ngangge pêpêt.

2. Usul Radyapustaka.

Putusan ôngka 19 ca: mungêl: panganggenipun layar, pêpêt kanthi layar, sarta kêrêt, dumunung wanda kaping kalih saking wingking, nglastantunakên wêwaton ingkang sampun wontên, punika kamanah dèrèng sakeca ing basa Jawi [êr],Huruf Jawa yang dipakai: sandangan pêpêt dan layar. ingkang dumunung sangajênging wanda wêkasan, botên wontên lêrêsipun [kêrêt] (kêrêt). Pasaksènipun [Pasa...]

--- 123 ---

[...ksènipun] wanda ingkang pancèn ngangge layar, pakêcapanipun dados cakran (kêrêt) kados ta: bèrtun, pakêcapanipun brètun, kartu - krêtu.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon: mratelakakên pasaksèn ingkang ngosok wangsul Radyapustaka, kados ta: pradata, ing pakêcapan: bêrdata.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta rujuk lastantunipun putusan lami, inggih punika manasuka, amargi yèn dipun wontêni pathokan, mêksa kirang srêg, kamanah kêkathahên ingkang nyêbal: warta, sarta, kursi, warsa, sasaminipun, wêwaton ingkang kêkathahên ingkang nyêbal lajêng botên nama wêwaton. Pakêmpalan Nitisastra ing Samarang sarta [sar...]

--- 124 ---

[...ta] wakil Bale Pustaka, mrayogèkakên kêdah wontên wêwatonipun, supados botên damêl bingung.

Radyapustaka: mêwahi katrangan usulipun ingkang sampun cêtha ngangge layar: sarta, warta, botên karêmbag, kêdah ngangge: [kêrêt] punika ingkang dèrèng cêtha.

Pangarsa mrayogèkakên katêtêpakên kados usul Radyapustaka, inggih punika ngangge kêrêt, namung manawi dèrèng wontên katranganipun ingkang cêtha kasarahakên ingkang nyêrat.

Pinanggihing rêmbag ingkang rujuk dhatêng Radyapustaka: 8, blangko 1.

Putusan, wanda sangajêngipun wanda wêkasan punika botên sagêd ngangge pêpêt layar, ngangge layar utawi

--- 125 ---

kêrêt, dene panganggenipun layar punika ngêmungakên ing têmbung-têmbung ingkang sampun cêtha ngangge layar.

Mas Wadana Dwijasewaya mratelakakên urutipun ingkang badhe karêmbag miturut putusan purprêgadêring malêm Ngahad, rêmbag-rêmbag susulan saking usulipun kumisi ingkang golongan pangrimbag 16, lajêng kakêmpalakên dados 9 bab.

I. Panyêratipun têmbung: karuwan, lajêng dados karuhanne punapa karuwanne, panunggilanipun.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon kasêrat ngangge wignyan, darajatipun [ah],Huruf Jawa yang dipakai: sandangan wignyan. wau sami kalihan sêsigêg ka. Ing panambang ake, karuhanne (malah wangsul dhatêng [dha...]

--- 126 ---

[...têng] lêrêsing lingga), pakehanne, lèmbèhana (miturut pakêcapan).

Kajawi punika: pakehana, lembehana, punika aslinipun ing têmbung Malayu: pakai, lambai, swaranipun wanda wêkasan ai, ing pakêcapan Jawi dados wignyan.

Radyapustaka: ngèngêti dhatêng ingkang karimbag: karuwan - karuwanne, lembeyan - lembeyana. Dene ai dados nêdha swara wignyan, pamanggihipun botên makatên, pancènipun namung dados taling.

Utusan parentah karaton Nyayogyakarta: ngèngêti dhêdhasaripun wêwaton ingkang kangge ngewahi kasusastran punika. Miturut pakêcapan sarta wêwaton kasusastran,

--- 127 ---

têmbung-têmbung wau awratipun dhatêng pakêcapan, mila nyondhongi usulipun kwiksêkulbon. Pinanggihipun rêmbag ingkang condhong dhatêng pakêcapan: 6, dhateng lingga: 3. Putusan panyêratipun têmbung-têmbung ingkang kapratelakakên ing nginggil, miturut pakêcapan inggih punika ngangge wignyan.

II. Têmbung ingkang apurwa: ha, ra, wa, la, ya, wontên sawingkingipun ing utawi atêr-atêr pi.

Parêpatan ngewahi, sarèhning ingkang angsal atêr-atêr pi ingkang dados rêmbag ngêmungakên apurwa ha. Punika karêmbag piyambak, sapunika namung ngrêmbag ing.