Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688 (Hlm. 128-277)

Katalog:Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688
Sambung:
1.Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688 (Hlm. 001-127). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #895.
2.Panyêrat Kasusastran Jawi, Putra Nitipraja, 1923, #688 (Hlm. 128-277). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #896.

--- 128 ---

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon wujudipun têmbung-têmbung wau panyêratipun sapunika: ing ngatasse, ing ngarêp (sami purwa ha) ing ngriku (purwa ra) purwanipun ewah: nga, ing alas, purwanipun lastantun ha. Warni kalih punika kamanah dèrèng sakeca sagêda warni satunggal ing punika aslinipun kala kina hi kalihan u [ng],Huruf Jawa yang dipakai: sandangan cêcak. awit saking punika pamanggihipun manawi kawêtahakên ing purwanipun lastantun, kados ta: ing alas, ing riku, ing arêp, dene manawi ewah nga, ing kasêrat hi, dados ing ngalas, ing ngriku.

Radyapustaka: hi [ng]Huruf Jawa yang dipakai: sandangan cêcak. ingkang kapratelakakên cara kina, sapunika sampun [sampu...]

--- 129 ---

[...n] botên kangge. Kala kina: ikang sapunika ingkang, ngèngêtakên ingkang wongsal-wangsul kapratelakakên sadaya wêwaton punika masthi wontên ingkang nyêbal, mangsuli rêmbag nginggil, panyêratipun purwaning lingga wau wêtah: ing alas, ing omah, sasaminipun. Ingkang nyêbal ing ngajêng, ing ngriku, ing ngêndi, sasaminipun.

Radèn Martaatmaja mêwahi katrangan usul Radyapustaka, manawi ingkang wontên sawingkingipun ing têmbung aran, kasêrat wêtah, ewah dados nga, manawi mratelakakên prênah, kados ta: ing ngisor, ing ngarêp, ing ngrika. Pinanggihing rêmbag ingkang condhong dhatêng usul Radyapustaka: 6, dhatêng kwiksêkulbon: 3.

Putusan, têmbung ingkang purwa ha, ra,

--- 130 ---

bilih wontên sawingkingipun ing botên ewah. Ingkang nyêbal saking wêwaton wau ewah dados nga. Têmbung-têmbung ing ngandhap, ing ngisor, ing nginggil, ing ngajêng, ing ngarêp, ing ngêndi, ing ngriku.

III. Têmbung ingkang purwanipun ha kaatêr-atêran pi ewah dados ya punapa lastantun ha.

P. G. H. B. pamanggihipun katurutakên lingga.

Radyapustaka: cocog katurutakên lingga, lastantun ha, nanging ugi ngèngêti ingkang nyêbal, inggih punika ingkang lingganipun sampun samar.

Kwiksêkulbon: namung milih satunggal, manut kasusastran punapa pakêcapan.

--- 131 ---

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya: kasusastran punika masthi wontên nyêbalipun, cacak kasusastranipun basa ingkang sampun dados, mêksa botên sagêd turut, wontên ingkang nyêbal, para guru agêng botên sagêd ngudhari sababipun nyêbal wau, nanging manawi nurutakên tuju anggampilakên, condhong dhatêng pamanggihipun kwiksêkulbon.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: blangko, anggèning balangko wau sabab pamathokipun angèl, pamanggihipun têmbung ingkang angsal atêr-atêr pi wau wontên warni tiga, ingkang lingganipun cêtha (piala, piawan, ngangge: ha). Ingkang botên cêtha: (piyambak, ngangge ya). Ingkang têngah-têngah (piyagêm, ngangge ya utawi: [uta...]

--- 132 ---

[...wi:] ha).

Kwiksêkulbon: usul atêr-atêr pi, kawêwahan: pri, sami wêwatakanipun, kados ta: priyôngga, priyagung.

Pinanggihing rêmbag ingkang ngèngêti dhatêng lingga nanging ngèngêti dhatêng nyêbal: 4, ingkang mêtahakên ha: 4, ingkang blangko: 1.

Sarèhning pinanggihing rêmbag sami kathahipun, putusan parentah karaton Ngayogyakarta, ingkang waunipun balangko: 2, mikawoni tumut dhatêng ingkang rumiyin, dados cacahing sêtèman: 5.4.

Putusan têmbung: piyagêm, piala, sasaminipun inggih punika ingkang aslinipun apurwa ha,

--- 133 ---

angsal atêr-atêr pi. Manawi lingganipun taksih cêtha sangêt purwanipun kasêrat: ha, dene manawi sampun kirang cêtha ngangge: ya.

IV. Panyêratipun kriya wacaka, sarta karana wacaka: panyêkêl, panêpèn, sasaminipun ngangge sigêg na, punapa botên.

Bab punika botên karêmbag panjang, lajêng kaputusan.

Têmbung kriya wacaka sarta karana wacaka panyêratipun katurutakên akalihan tandukipun, dados botên kasigêgakên na.

V. Têmbung raharja, prahara, grahana, sasaminipun kasêrat ngangge wignyan punapa botên.

--- 134 ---

Kwiksêkulbon: raharja, rahayu, rahadèn, sami kasêrat tanpa wignyan, amargi ra wau atêr-atêr.

Radyapustaka, sampun matitisakên ing bausastra Rurdha, ngangge wignyan utawi botên sami lêrêsipun.

Pinanggihing pangrêmbag sadaya condhong tanpa wignyan.

Putusan panyêratipun têmbung raharja, prahara, grahana, sasaminipun, tanpa winyan.

VI. Panyêratipun tossan, lessan, sasaminipun, ngangge pasangan sa punapa botên.

Pangrêmbag.

P. G. H. B. ngèngêti dhatêng lingga, kasêrat ngangge pasangan sa.

--- 135 ---

Parêpatan condhong dhatêng P. G. H. B.

Putusan, panyêratipun têmbung tossan, lessan, rossan, sasaminipun, ngèngêti dhatêng lingga, dados ngangge pasangan sa.

VII. Panyêratipun têmbung donya, kalihan sonya, kadospundi, ngangge suku punapa taling tarung sigêg na, punapa botên.

Pangrêmbag.

Radyapustaka, ngèngêtakên lingga botên kasêrat rangkêp, amila ing ngriki namung kantun nimbang ngangge suku punapa taling tarung.

P. G. H. B. milih ngangge suku, karuntutakên kalihan têmbung Malayu doenia soenja.

--- 136 ---

Radyapustaka botên nyondhongi pamanggihipun P. G. H. B., ingkang kangge waton pakêcapanipun piyambak sapunika, donya, sonya, sami ngangge taling tarung, nanging lajêng kathah panunggilanipun, milu, kliru, sapunika mèlu, klèru, mila pamanggihipun sami kengingipun.

Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran, ambedakakên manawi atêgês amal, kasêrat: dunya, ngangge suku.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta, prakawis têmbung milu, kalihan mèlu, pancèn sami wontênipun, sarêng donya, kalihan dunya botên, ing pundi-pundi [pu...]

--- 137 ---

[...ndi-pundi] donya.

Pinanggihing rêmbag, ngangge suku: 1, taling tarung: 8.

Putusan panyêratipun donya, sonya, sami ngangge taling tarung.

VIII. Panyêratipun padamêlan punapa pandamêlan.

Mas Wadana Dwijasewaya apratela punika pancènipun botên kalêbêt tataning panyêrat.

Pangarsa ngiyatakên rêmbag ing nginggil.

Wasana usul wau botên kalajêngakên.

IX. Ngawontênakên pasangan lêHuruf Jawa yang dipakai: aksara nga lêlêt. punapa lê.Huruf Jawa yang dipakai: pasangan aksara la dipêpêt. Parêpatan amrayogèkakên kasarêng ngrêmbag aksara swara (mirsanana rêmbag ing

--- 138 ---

agendha ôngka II).

X. Gêmbung [...]Huruf Jawa yang dipakai: pasangan wa. dados panjingan, samôngsa dados pasangan ing ngandhap.

Pangrêmbag.

Radyapustaka: ing paramasastra Rônggawarsitan, gêmbung punika kagolong sandhangan suku, amila pasangan ka, ta, ya, kadunungan gêmbung wangsul dados aksara, saminipun angsal suku, cakra, kêrêt, pengkal, nanging pasangan da, manawi angsal sandhangan sakawan punika botên ewah, sarêng angsal gêmbung wangsul dados aksara: kapatitisakên mêndhêt pasaksèn sêrat kina inggih punika Ramayana botên makatên, lêstantun pasangan [pasang...]

--- 139 ---

[...an] panunggilanipun, pasangan ja kalihan ma, awit saking punika pamanggihipun, panjingan wa (gêmbung) dede sandhangan, lugu pasangan, saminipun panjingan la, mila manawi ingkang dipun panjingi wau kasêrat dados pasangan ing ngandhap badhe tumpuk tiga. Miturut katrangan-katrangan wau, Radyapustaka pamanggihipun sigêgan kêdah kapangku, kados ta: tangan kwaga, rimbag dwipurwa, saminipun jamblang.

Parêpatan condhong dhatêng usul Radyapustaka.

Putusan, wanda ingkang kapanjingan gêmbung, manawi kalêrês dados pasangan ing ngandhap, sigêgipun ngajêng kapangku.

Dumugi samantên rampung pangrêmbagipun susulan [su...]

--- 140 ---

[...sulan] ingkang magêpokan pangrimbag, susulan sanèsipun, pada Walandi, ôngka Rum sarta Latin kangge urut-urutan, aksara Jawi kasêrat sêsarêngan aksara Walandi, punapadene ôngka 2, kangge sakalihan sarta nyêkak dwilingga, sami badhe karêmbag kantun, sasampunipun ngrêmbag cikalan agendha.

Cikalan rêmbag miturut agendha rumiyin.

I. Aksara Murda

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon, ngambali mratelakakên tuju ngewahi panyêrat punika ingkang prêlu ngupados gampil, nanging ugi ngèngêti dhatêng sabab-sabab. Aksara murda asli

--- 141 ---

saking Hindhu, pakêcapanipun beda sangêt kalihan pakêcapan sapunika.

Mênggah kanggenipun aksara murda ing sasumêrêpipun sapunika wontên tigang warni.

1. Kangge nyêrati têmbung-têmbung Sangskrita ingkang kalugokakên.

2. Nulad bôngsa Eropa, kangge nyêrati têmbung aran eigennaam.

3. Tataprunggu.

Pamanggihipun.

Ôngka satunggal, nglugokakên nyêrat cara Sangskrita pamanahipun tiyang Jawi sampun botên sagêd, kados ta: puSpa, Buta, panyêratipun: kaNthi, sasaminipun namung niru cara Sangskrita, tur botên sêmbada, awit saking punika pamrayoginipun aksara murda sampun botên prêlu kaangge.

--- 142 ---

Ingkang kaping, kalih kangge nyilahakên têmbung aran (eigennaam) niru cara Walandi, punika nyulayani anggènipun aksara murda wontên ingkang lacut anggèning niru wau, kangge wontên ing purwaning adêg-adêg, kados ta:

Nuwun wiyosipun.

Panulad ingkang kados makatên punika kwiksêkulbon manah botên prayogi.

Ingkang kaping tiga: kangge ing tataprunggu, kwiksêkulbon rumaos taksih pakèwèd anggèning nindakakên, tumrap ing sêrat ibêr punika kamanah sampun gampil, bilih wontên ing sêrat karangan-karangan babad, rumaos tidha-tidha, kados ta: prabu kancil, kasêrat [ka...]

--- 143 ---

[...sêrat] ngangge murda punapa botên, wontên malih ingkang kamanah pakèwèd, nyêrat babad manawi wontên ingkang pangkatipun pantês ingaosan, upami panjênênganipun ratu, nanging tindakipun siya sangêt, ngantos dados kasêngitaning tiyang, punika asmanipun kasêrat murda punapa botên.

Awit saking wontên pakèwêdipun tigang prakawis wau, kwiksêkulbon mrayogèkakên dhatêng icalipun aksara murda.

Radyapustaka anggêlarakên pamanggih.

1. Aksara Jawi punika kala kina wangunipun botên kados sapunika, ewah-ewahing wangunipun aksara Jawi wau kawrat ing tabêl karanganipun tuwan Oltê.

Miturut tabêl, salêbêtipun taun 900 dumugi

--- 144 ---

taun 1500 ewahipun namung sakêdhik-sakêdhik, sarêng dumugi taun 1600 sampun katingal kathah sangêt.

2. Miturut cariyos Jawi, ingkang damêl aksara Jawi: Ajisaka, salajêngipun ajêjuluk Prabu Widayaka. Ajisaka punika lêrêsipun Asoka, ratu ing tanah Hindhu, Widayaka têmbung Kawi, têgêsipun pujôngga.

3. Urutipun carakan Jawi punika gèsèh sangêt kalihan aksara Sangskrita, saya manawi ningali wujudipun aksara murda Na, punika gèsèh kalihan sakawit.

Sabab-sabab tigang prakawis wau, nuwuhakên pamanggihipun Radyapustaka, aksara Jawi dalah aksaranipun [aksarani...]

--- 145 ---

[...pun] murda punika kenging kaanggêp anggitan Jawi, inggih punika pujôngga Jawi.

Panganggenipun aksara murda wontên ing tataprunggu, Radyapustaka botên urun pamanggih.

Radyapustaka ngèngêtakên dhatêng parêpatan, miturut putusan ingkang sampun, kumisi taksih nganggêp dhatêng warganing aksara, sarèhning taksih wontên ingkang nganggêp aksara murda wontên ingkang kagolong warganing carakan, pamanahipun punika ugi kêdah kalastantunakên, kados ta: karNa, karSa, maSjid.

Pangarsa: anggèning ngrêmbag aksara murda punika prayogi kabage kêkalih: 1. Babagan panyêrat (spelling); 2. Bab tataprunggu.

Kwiksêkulbon, botên anyondhongi [anyo...]

--- 146 ---

[...ndhongi] pamrayogi ing nginggil, pangrêmbagipun kêdah dados satunggal.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta (Mas Wadana Dwijasewaya): aksara murda nitik sakawit nama mahaprana punika pancèn swaranipun ing ngajêng inggih gèsèh: na (untu) kalihan Na (ilat) pancènipun kêdah kabeda. Sapunika panganggenipun aksara murda punika sampun kabêsut-bêsut, utawi namung niru-niru. Awit saking punika manawi kasalêsihakên sabab-sababipun, Mas Wadana Dwijasewaya piyambak condhong dhatêng rêmbagipun kwiksêkulbon, nanging icalipun aksara murda kangge ing

--- 147 ---

tataprunggu, taksih kathah ingkang ngowêl dening gêgayutan kalihan tatakrama.

Sarèhning anggèning dados kumisi nama ngêmbat swaraning akathah, amila icalipun tataprunggu kapêksa botên nyondhongi.

Wasana nêrangakên panganggenipun tataprunggu.

1. Anggèning matrapakên ngèngêti satunggal kalihan satunggalipun.

2. Ingkang tumrap ing babad, cariyos sêrat sêbaran ngèngêti dhatêng ingkang pantês nampèni pakurmataning akathah.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, condhong icalipun, gêgandhengan kalihan indhak-indhake sêsêrapanipun bôngsa Jawi ngangsu kawruh ngamônca, wontên kalanipun prêlu

--- 148 ---

ngangge aksara murda ingkang cocog swaranipun. Awit saking punika, punapa botên eman dhatêng sirnanipun babar pisan aksara murda wau.

Kwiksêkul: aksara murda kasirnakakên babar pisan punika botên, namung dipun kaperingakên kemawon.

Mas Ngabèi Parikrangkungan, wontên ing sêratan Jawi condhong kwiksêkulbon, icalipun wau lajêng kagolongakên aksara rekan, kangge nyêrati têmbung Arab, ing sapunika Muhammadiyah bageyan taman pustaka sawêg nganggit aksara rekan kangge anjangkêpi samôngsa nyêrati têmbung Arab.

--- 149 ---

Mas Wignyadisastra, nimbang putusan ingkang sampun taksih ngajêngi sigêg nya, sêmunipun sapunika sabagian agêng botên ngajêngi sigêg Na, punika èwêd raosing manahipun, saking panimbangipun murih murid sagêd gampil anggèning nampèni, kabucal sadaya.

Mas Ngabèi Prajapustaka: icalipun tataprunggu kamanah agêng pakèwêdipun, kados ta nyêrati asma dalêm.

Kwiksêkul: nusuli usulipun, wontên ingkang katêdha lastantun, pasangan sapuspa (sa ...)Huruf Jawa yang dipakai: aksara sa diikuti pasangan sa. sapasuti dipun kaperingakên.

Putusan parentah karaton Ngayogyakarta: suka katêrangan dhatêng

--- 150 ---

Wignyadisastran, kônca taksih lastantun sigêg nya, jalaran raosing sigêg nya wau taksih cêtha, dados botên kenging kabelakakên, wangsul: kôNdha, sêsigêgipun sampun botên kados na ilat (murda).

Pinanggihing pangrêmbag

Ha. Aksara Murda wontên ing sêsêratan

Ingkang nglastantunakên: 2, ingkang botên ngangge: 7.

Putusan, aksara murda ingkang kangge ing sêsêratan (spelling) ical.

Na. Aksara murda kangge ing tataprunggu

Ingkang nglastantunakên 5,

--- 151 ---

ingkang botên ngangge 4.

Putusan, aksara murda taksih kangge ing tataprunggu.

Kwiksêkulbon: nêdha katrangan kadospundi patrapipun nêrangakên pamatês sarta panganggenipun tataprunggu kangge wontên pamulangan.

Pangarsa: manawi sagêd pancèn prayogi kawatês, saya ingkang kangge ing akathah, punika kêdah wontên watêsipun.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: mratelakakên rakaosing pamatês.

Pinanggihing rêmbag: ingkang condhong karêmbag watêsipun 3, ingkang botên 6.

Putusan, watêsipun ingkang kêdah ngangge tataprunggu botên karêmbag.

--- 152 ---

II. Aksara Swara

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon: mrayogèkakên icalipun rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. lê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga dilêlêt. santun rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara ra dipêpêt. lê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipêpêt. dene aksara swara sanèsipun A, I, E, U, O, lastantun.

P. G. H. B. nêdha icalipun sadaya.

Pinanggihing rêmbag, ingkang nglastantunakên: 7, ical sadaya: 1, namung ngicali rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. lê:Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga dilêlêt. 1 tumrap pasangan.

Putusan, aksara swara: 7, pisan kalastantunakên wontênipun sadaya.

Kwiksêkulbon: I,Huruf Jawa yang dipakai: aksara ba dicêrêt. sarta rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. manawi kalêrês kangge ing tataprunggu, dipun santuni BaHuruf Jawa yang dipakai: aksara ba murda dicêrêt.

--- 153 ---

sarta Pa,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa murda dicêrêt. punapa botên I,Huruf Jawa yang dipakai: aksara ba dicêrêt. punika kala kinanipun nga.Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga dicêrêt.

Pinanggihing rêmbag, parêpatan botên ngajêngi ewahipunHuruf Jawa yang dipakai: aksara ba murda dicêrêt. sarta rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. kangge ing tataprunggu dados Ba sarta Pa.

PutusanHuruf Jawa yang dipakai: aksara ba murda dicêrêt. sarta rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. kangge ing tataprunggu botên kaewahan.

Panganggenipun aksara swara kadospundi.

P. G. H. B., panganggenipun aksara swara lastantun kados lami.

Kwiksêkulbon: kajawi rê, lê, aksara swara kangge nyêrati basa mônca, manawi badhe kacêthakakên.

Pinanggihing rêmbag: parêpatan condhong pamanggihipun kwiksêkulbon [kwi...]

--- 154 ---

[...ksêkulbon]

Putusan, kajawi: rê kalihan lê, aksara swara kangge nyêrati têmbung-têmbung mônca, manawi ngangkah murih cêthanipun.

Ngrêmbag susulan ing ngajêng ôngka IX.

Lê: tumrap kaangge pasangan lêHuruf Jawa yang dipakai: nga lêlêt. (lêstantun wujudipun) punapa lêHuruf Jawa yang dipakai: la dipêpêt. (wangsul dados pasangan la kapêpêt).

Pinanggihing rêmbag: ingkang lêstantun wujud lê: 1. Ingkang dados pasangan la kapêpêt: 8.

Putusan lê manawi kalêrês dados pasangan, dados pasangan la kapêpêt.

Radyapustaka: aksara swara E, O, U, manawi kalêrês dados pasangan, pamanggihipun sêsigêgipun kêdah kapangku, runtut akalihan [a...]

--- 155 ---

[...kalihan] putusan ingkang sampun.

Kwiksêkulbon: mêwahi A, I,,manawi dados pasangan kabelakakên kados pamanggih Radyapustaka.

Pinanggihing rêmbag, parêpatan condhong dhatêng pamanggih warni kalih ing nginggil.

Putusan, aksara swara A, I, E, O, U, sami botên wênang dados pasangan, dene sêsigêgipun ing ngajêng kapangku, ingkang wênang namung rêHuruf Jawa yang dipakai: pa dicêrêt. dados pa.Huruf Jawa yang dipakai: pasangan pa dicêrêt.

III. Aksara Rekan

Pangrêmbag.

P. G. H. B., aksara rekan punika kangge mêwahi aksara Jawi, supados nyêkapi manawi kangge nyêrati têmbung-têmbung

--- 156 ---

Arab, nanging anggèning mêwahi botên sêmbada, taksih kathah kêkiranganipun.

Awit saking punika mrayogèkakên icalipun aksara rekan.

Kwiksêkulbon: têmbung-têmbung ingkang sampun kalimrah kangge ing basa Jawi punika botên parlu ngangge aksara rekan, nanging dhatêng icalipun aksara rekan botên rujuk, wontên kalamangsanipun kaangge manawi badhe nyêthakakên pakêcapanipun têmbung mônca.

Parêpatan condhong dhatêng pamanggih kwiksêkulbon.

Putusan, aksara rekan kalastantunakên kangge nyêrati

--- 157 ---

têmbung mônca, manawi sumêdya kacêthakakên.

Radèn Ngabèi Suradipura: aksara rekan ingkang dados pasangan ing ngandhap, kadospundi anggèning andèkèkakên cêcakipun, wontên ing pundi.

Mas Prawiraatmaja supados cêtha sampun ngantos kapisah, dados kadèkèkakên sanginggil pasangan, sangandhap sêsigêg.

Prakawis punika dados rêmbag sawatawis, tur wêwah usul malih supados katingal pilahipun akalihan sêsigêg ingkang dipun pasangi, sarta manawi angsal sandhangan ingkang wontên ing nginggil.

Wasana putusanipun, aksara rekan ingkang pasanganipun wontên [wontê...]

--- 158 ---

[...n] ngandhap aksara, cêcakipun tiga wontên nginggil sêsigêg, manawi sarêng kalihan sandhangan ingkang wontên nginggil, cêcakipun tiga wontên ngajêng sandhangan. Dene pilahipun akalihan sêsigêg ingkang dipun pasangi murih cêthanipun kasarahakên dhatêng ingkang nyêrat.

IV. Ôngka Jawi

Pangrêmbag.

Radyapustaka: ôngka Jawi sapunika sampun botên patos kangge, langkung malih tumrap kangge etang-etang rakaos, jalaran karowan, sarta kawon parigêl katandhing kalihan ôngka Walandi, mila pamrayoginipun ôngka Jawi dipun [di...]

--- 159 ---

[...pun] kaperingakên, panganggenipun kalamôngsa manawi kangge urut-urutan kados ôngka Rum.

P.G.H.B.: ôngka Jawi lastantun panganggenipun kados sapunika, botên parlu dipun icali.

Putusan, ôngka Jawi kalastantunakên wontênipun, panganggenipun kados sapunika.

Mas Prawiraatmaja: niti tabêl aksara damêlanipun tuwan Oltê, ôngka Jawi kina punika wujudipun plêk ôngka Walandi, wontêna gèsèhipun namung sakêdhik, awit saking punika ôngka Walandi kenging kawastanan dados ôngka Jawi, mila usul panyêratipun ôngka Walandi manawi sarêng aksara Jawi, kasêrat jèjèr, dados wontên ngandhap [ngandha...]

--- 160 ---

[...p] garis.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta mratelakakên prayogi kawastanan ôngka kemawon, dene asalipun ôngka Walandi saking ôngka Arab, pêpêthan pasagi akalihan dhiagonalipun kalih pisan.

Prakawis punika kasarèhakên, badhe karêmbag sarêng kalihan aksara Latin, kasêrat sarêng kalihan aksara Jawi.

Rêmbag Susulan

I. Pada Walandi

Pangrêmbag.

Sapunika kalimrah ing sêratan Jawi ngangge tôndha pitakèn Walandi? Miturut Paramasastra Rônggawarsitan, Jawi piyambak gadhah

--- 161 ---

panunggilanipun malih, malya = p. s. Saking pamrayoginipun, pada-pada wau kêdah kagêsangakên.

Radyapustaka mêwahi, layu punika damêl cêthanipun ukara.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta dhatêng ancasipun rêmbag condhong, namung pangrêmbagipun kapratelakakên dipun pasrahakên dhatêng panging kumisi.

Parêpatan condhong dhatêng pirêmbag utusan parentah karaton Ngayogyakarta.

Putusan, pangrêmbagipun pada Walandi kalihan Jawi wau kapasrahakên dhatêng panging kumisi.

Pangarsa ing sasampunipun mutus bab ing nginggil punika, parêpatan punapa botên ngancêr-ancêri dhatêng panging kumisi [ku...]

--- 162 ---

[...misi] kadospundi pangrêmbagipun bab punika.

Utusan karaton Ngayogyakarta: ingkang kagêsangakên punika pada Jawi ingkang wontên prêlunipun, sarta botên makèwêdi, tôndha Walandi salong kasambut, manawi kamanah prêlu ngangge, môngka tôndha Jawi botên wontên.

Kwiksêkulbon, tôndha Walandi ingkang ing cara Jawi botên wontên, kêdah botên dipun angge.

Pinanggihing rêmbag, parêpatan nyondhongi dhatêng usul utusan parentah karaton Ngayogyakarta.

2. Usul Kwiksêkulbon.

--- 163 ---

Ingkang ngangge nyambut tôndha Walandi: 3, ingkang botên mawi nyambut: 6.

Putusan, pada Jawi kina ingkang sapunika botên limrah kangge, kagêsangakên, kapilihan ingkang pancèn wontên prêlunipun sarta botên makèwêdi, dene tôndha-tôndha Walandi botên kaangge wontên ing sêratan Jawi.

II. Ôngka Rum Sarta Aksara Latin Kangge Urut-urutan

Pangrêmbag.

P. G. H. B. mrayogèkakên lastantunipun sami kenging tumrap wontên sêsêratan Jawi, bokmanawi wontên prêlunipun.

Kwiksêkulbon, kalih pisan kamanah botên kaangge, prayogi ngangge Jawi.

--- 164 ---

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: ôngka Rum lastantun kenging kaangge aksara Latin kasantunan aksara Jawi.

Parêpatan condhong pamanggih utusan parentah karaton Ngayogyakarta.

Putusan, sêratan Jawi lastantun kenging ngangge ôngka Rum, aksara Latin kaangge urut-urutan botên kenging, kêdah ngangge aksara Jawi.

III. Aksara Jawi Kasêrat Awor Aksara Latin.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon, aksara Jawi samasa kasêrat awor aksara Latin, kajèjèr,

--- 165 ---

mêndhêt pasaksèn bausastra Rurdha, sêratanipun jèjèr, panyêratipun wontên nginggil sadaya punapa ngandhap garis sadaya, kasarahakên dhatêng parêpatan.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: manawi botên kasêrat jèjèr gunggangipun garisan wiyar, dadosipun ngrowan-ngrowani, têmahan murugakên awising rêginipun sêrat-sêrat.

Parêpatan condhong dhatêng usul kwiksêkulbon, kajèjèr, kawêwahan katrangan wontên ngandhap garis.

Putusan, aksara Jawi kasêrat awor aksara Latin, kêdah kajèjèr wontên ngandhap garis sadaya.

IV. Ôngka Kalih, Kangge Nyêkak Dwilingga Sarta Sakalihan

--- 166 ---

Botên ngangge karêmbag panjang parêpatan botên angajêngi gagrag makatên punika.

Putusan, têmbung-têmbung dwilingga sarta sakalihan botên kenging kacêkak ngangge ôngka 2.

V. Panyêratipun Kwiksêkul

Parêpatan condhong wangsulanipun pangarsa, panyêratipun têmbung wau kasarahakên.

Putusan panyêratipun kwiksêkul kasarahakên dhatêng ingkang nyêrat.

VI. Manah Lastantunipun Aksara Jawi, Sampun Ngantos Ical.

Kwiksêkulbon mratelakakên ngalamat-ngalamat badhe icalipun aksara Jawi, gadhah

--- 167 ---

pamurih kumisi sapunika manah lastantunipun aksara Jawi wau.

Pangarsa: sampun kaputus ing purpêgadêring, kumisi botên sagêd nampèni usul wau, dening padamêlanipun sampun rampung, punika sanès ada, nanging pangarsa sagah masrahakên usul wau dhatêng Radyapustaka. Anggèning anggiyarakên ing parêpatan, punika supados kasumêrêpan ing akathah.

Usul-usul Saking Jawi.

1. Kridhabasa Prambanan, pasangan nya manawi dipun suku kalihan kacakra (arêp nyruput) panyêratipun kridhabasa gadhah pamanah kapangku, kadosdene pasangan manawi angsal gêmbung, amargi sawanganipun awon.

Kumisi suka katrangan sababipun gêmbung sêsigêgipun kêdah kapangku punika [puni...]

--- 168 ---

[...ka] botên saking awon makatên, pamrayogi wau botên katampèn.

2. Radèn Martaatmaja, pasangan ca sarta ja punika panyêratipun wontên ingkang kagandhèng, margi wujudipun kirang sae.

Kumisi, prakawis punika namung kasarahakên dhatêng ingkang nyêrat.

3. Kridhabasa Prambanan, pilah-pilahing namanipun têmbung tripurusa botên sami, daksawênèh mastani pratama purusa, sawênèh mastani utama purusa, punika lêrêsipun kadospundi.

Kumisi: kumisi punika namung ngrêmbag panyêrat, usulipun wau paramasastra, awit saking punika kumisi botên nampèni usul [usu...]

--- 169 ---

[...l] punika.

Satêlasipun ingkang karêmbag, pangarsa ngambali panuwun dhatêng kumisi, dhatêng utusan parentah karaton Surakarta sarta Ngayogyakarta. Pangarsa canthèl wêling ngunjukakên sêmbah ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan saha ingkang sinuhun kangjêng sultan.

Wanci jam 1.20 parêpatan bibar.

--- 170 ---

Ôngka 232.

28. Katur utusaning parentah karaton dalêm ing Surakarta.

Kumisi alit bab kasusastran ngaturakên asarêng punika pratelan karampunganing pangrêmbagipun kumisi agêng dalah katranganipun wêwaton panyêrating têmbung Jawi.

Miturut rêmbag nalika pungkasaning parêpatanipun kumisi agêng, angwênangakên dhatêng kumisi alit, ngewahi putusanipun kumisi agêng, bilih kamanah wonwontên. kêkiranganipun, mênggah ingkang kasêbut ing pratelan punika inggih wontên ingkang dipun ewahi kalih bab: 1. Bab têmbung bawa ka, kasêbut ôngka II adêg-adêg 3; 2. Bab têmbung dwipurwa kasêbut ôngka V.

Panyuwunipun kumisi alit bilih ingkang kasêbut pratelan tuwin katranganipun punika wontên ingkang taksih [ta...]

--- 171 ---

[...ksih] lêpat utawi kirang têrang, mugi kaparênga ngintunakên ewah-ewahan utawi katrangan salêbêtipun 15 dintên saking titimasanipun sêrat punika, bilih sampun 15 dintên botên ngintunakên katrangan, kaanggêp sampun anyondhongi.

Surakarta kaping 9 Sèptèmbêr 1923.

Wisesa

W. G. Wuryaningrat

Panitra.

W. G. Prajakintaka

--- 172 ---

29. Karampungan pangrêmbagipun wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi miturut putusan parêpatan kumisi kasusastran marêngi kaping 29 Oktobêr 1922 sarta 31 Dhesèmbêr 1922.

I. Têmbung Lingga

1. Têmbung lingga kasêrat botên ngrangkêp aksara, kados ta: tuna, wani, sêrat, lênga, banyu, dahana, botên kasêrat tunna, wanni, sêrrat, lêngnga, bannyu, dahhana. Wontên ingkang nyêbal tannya.

Dene: rahayu, sanadyan sanès têmbung lingga ugi botên kasêrat rahhayu, awit saking têmbung lingga ayu, angsal atêr-atêr ra.

2. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun mênga nglêgêna, kados ta: nagara, salaka, watara, manawa, badhaya.

--- 173 ---

3. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg ing aksara irung, kasêrat kados pakêcapanipun, kados ta:

Ha. Cêmpurit, têmbaga, sêmbada, lênggana, jêmpana.

Na. Lampita, sangsara.

4. Wanda ingkang dede wanda wêkasan botên sagêd ngangge pêpêt layar, manawi botên dipun kêrêt inggih namung dipun layar, kados ta: drêkuku, grêji, warna, warta.

5. Manawi nunggil têmbung, pasangan ca, ja, botên kenging wontên sangandhapipun sêsigêg na, kêdah nya, kados ta: wanyci, janyji.

6. Têmbung: klapa kasêrat kalapa.

bludru " baludru sasaminipun.

Manawi wontên parlunipun sawêg kenging kasêrat klapa, bludru.

7. Donya sarta sonya sami kasêrat ngangge taling tarung botên ngangge suku.

--- 174 ---

II. Têmbung Andhahan Ingkang Mawi Atêr-atêr.

1. Anuswara.

Ha. Manawi purwaning lingga luluh, atêr-atêripun anuswara botên kasêrat ngangge ha, kados ta: ngatag, nantang, nyambêr, mranata.

Manawi wontên parlunipun kenging kasêrat angatag, anantang, anyambêr, amranata.

Na. Manawi purwaning lingga botên luluh, kados ta: andadar, anyjakêtêt, andhêdhêr, anggithing, ambuwang, punika botên kenging kasêrat dadar, jakêtêt, dhêdhêr, githing, buwang.

2. Têmbung tanduk ingkang purwanipun luluh manawi angsal atêr-atêr pa, purwanipun wau botên karangkêp, kados ta: panêmbah, panyêkêl, botên kasêrat [kasêra...]

--- 175 ---

[...t] pannêmbah, pannyêkêl.

3. Bawa ka.

Têmbung bawa ka ingkang atêr-atêripun ka, botên luluh kalihan purwaning lingga, manawi sagêd damêl cawuhipun suraos akalihan tanggap ka, atêr-atêripun ka têmbung bawa ka wau kasêrat ngangge pêpêt, kados ta: kêdadak.

4. Têmbung ingkang apurwa aksara ha, manawi dipun atêr-atêri pi, pri, botên ewah, kados ta: piangkuh, piawon, piala.

Ingkang nyêbal purwanipun ewah dados ya, kados ta: piyagêm, priyôngga.

III. Têmbung Andhahan Ingkang Ngangge Sêsêlan

1. Sêsêlan ra, la.

Sêsêlan ra, la, kasêrat miturut pangrimbagipun [pa...]

--- 176 ---

[...ngrimbagipun] sêsêlan kados ta: parêntul, jalêrit, galêrêng, botên kasêrat prêntul, jlêrit, glêrêng.

2. Sêsêlan na, kados ta: pinayungan punika kasêrat tanpa pasangan na.

IV. Têmbung Andhahan Ingkang Mawi Panambang

1. Panambang ingkang apurwa aksara ha, manawi tumrap ing wanda sigêg ha nipun malih dados aksara sêsigêg wau, kados ta: awanna, watakke, lêlessan, nanggappi, gêgêmmên, rahabbana.

2. Panambang ha.

Ha. Manawi wontên sawingkingipun wanda mênga nglêgêna, kasêrat têtêp ha, kados ta: bisaa.

--- 177 ---

Na. Ewah dados ya, manawi sumambêt wanda mênga kanthi wulu utawi taling. Samantên punika manawi wanda wau sanès ya, kados ta: waniya, dhedheya, nanging priyayia, kapriyea, botên kasêrat priyayiya, kapriyeya.

Ca. Ewah dados wa manawi sumambêt ing wanda mênga kanthi suku utawi taling tarung, samantên punika bilih wanda wau sanès wa, kados ta: niruwa, bodhowa, nanging nawua, cuwoa, botên kasêrat nawuwa, cuwowa.

3. Panambang e manawi sumambêt wanda mênga ewah dados ne, dados tanpa pasangan na, kados ta:

jara - jarane botên jaranne

alu - alune " alunne

4. Panambang i manawi wontên sawingkingipun wanda mênga kapitulungan panambang an, rumiyin, [ru...]

--- 178 ---

[...miyin,] kados ta: padha - madhanni

gênti - anggêntènni

bau - ambaonni

5. Panambang an.

Ha. Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan wulu utawi taling, môngka botên luluh, purwaning panambang malih dados ya, kados ta:

dadi - kadadiyan

gadhe - pagadheyan

Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan suku utawi taling tarung môngka botên luluh, purwaning panambang malih dados wa, kados ta:

laku - kalakuwan

jago - jagowan

Na. Wontên têmbung sawatawis ingkang wandanipun wêkasan kadunungan wignyan, nyêbal saking wêwaton IV 1, kados ta: [ta...]

--- 179 ---

[...:]

wêruh - kawêruwan

kalih - kaliyan

palih - paliyan (sadhèrèk nunggil suson).

Nanging palihan (krama) ngokonipun paron.

Ca. Têmbung-tembung ing adêg-adêg na nginggil punika manawi angsal panambang e, wignyanipun tarkadhang wangsul kados ta:

karuwan - karuhanne

paliyan - palihanne

6. Panambang ên manawi sumambêt ing wanda mênga ewah dados nên, kados ta: uja - ujanên, panu - panunên.

7. Panambang ana manawi sumambêt ing wanda mênga mawi kapitulungan panambang an [a...]

--- 180 ---

[...n] rumiyin, kados ta:

aba - ngabannana

tali - talènnana

pepe - pepennana

laku - lakonnana

gadho - gadhonnana

8. Panambang ake.

Ha. Manawi sumambêt ing wanda mênga, wanda wau kasigêgakên ka rumiyin, panambangipun lastantun ake, bilih wanda wau kadunungan wulu malih dados taling, manawi kadunungan suku dados taling tarung, kados ta:

tapa - napakake

lali - nglalèkake

gêdhe - anggêdhèkake

aju - ngajokake

bodho - ambodhokake

--- 181 ---

Na. Têmbung ingkang wandanipun sigêg na, manawi angsal panambang ake wontên ingkang sêsigêgipun na, punika malih dados ka, salajêngipun panambang ake ewah dados kake, kados ta:

pakan - makakkake

ewon - kaewokkake

9. Panambang na: manawi sumambêt ing wanda sigêg, botên ewah, kados ta:

golèk - golèkna

Manawi wontên parlunipun badhe ngulur panambang na kenging kaulur êna, kados ta: golèkêna.

10. Panambang ipun manawi tumrap ing wanda mênga malih dados nipun, kados ta:

cuwa - cuwanipun

roti - rotinipun

--- 182 ---

putu - putunipun botên kasêrat cuwannipun, rotènnipun, putonnipun.

11. Têmbung wisesa na lingga manawi angsal panambang ha kasêrat manut pakêcapanipun, dados tanpa pasangan na, kados ta:

sabukkan - sabukkana botên kasêrat sabukkanna

V. Dwipurwa

Têmbung dwipurwa ngrangkêp sandhangan swara kados ta:

rigên - ririgên

truka - tutruka

weka - weweka

bondhot - bobondhot

nanging gônda - gagônda botên gogônda

--- 183 ---

VI. Dwilingga

Têmbung ingkang purwanipun ha sarta wandanipun wêkasan sigêg, manawi kadamêl dwilingga, purwanipun têmbung ingkang wingking botên ewah dados sêsigêg wau, kados ta: alun - alun - alun botên alun-nalun

alang - alang-alang botên alang-ngalang

VII. Camboran

Runtutipun akalihan bab VI (dwilingga) têmbung camboran ingkang têmbungipun ing ngajêng wandanipun, ing wingking sigêg sarta têmbungipun ingkang wingking apurwa ha, purwa ha wau botên ewah, kados ta: udan arum - botên udan narum.

--- 184 ---

sapit abon botên sapit tabon.

VIII. Têmbung: ing

Têmbung ingkang apurwa ha, ra, la, manawi dumunung wontên sawingkingipun ing botên ewah, kados ta:

ing alas, ing rêmbang, ing latar.

Wontên têmbung sawatawis ingkang nyêbal kados ta: ing ngisor, ing ngandhap, ing ngarêp, ing ngajêng, ing ngatase, ing ngaurip, ing ngriku.

IX. Gêmbung (pasangan pa)

Gêmbung botên kenging tumrap ing pasangan ingkang kasêrat wontên sangandhapipun sêsigêg, kados ta:

anak kwalonHuruf Jawa yang dipakai: aksara ka dipasangi diikuti aksara ka di sampingnya dengan pasangan wa. botên kasêrat [ka...]

--- 185 ---

[...sêrat] anak kwalonHuruf Jawa yang dipakai: aksara ka dipasangi diikuti aksara ka di bawahnya dengan pasangan wa. rimbag dwipurwaHuruf Jawa yang dipakai: aksara ga dipangku diikuti aksara da di sampingnya dengan pasangan wa. botên kasêrat rimbag dwipurwa.Huruf Jawa yang dipakai: aksara ga dipasangi pasangan da di bawahnya dengan pasangan wa.

X. Aksara Murda

1. Aksara murda namung kangge wontên ing tataprunggu, têgêsipun kangge pakurmatan sêsêratan sanèsipun botên kenging ngangge aksara murda wau.

2. Botên ngwontênakên aksara murda Pa sarta Ba.

XI. Aksara Swara

1. Ha. Aksara swara A, I, E, U, O kangge nyêrati têmbung mônca, manawi sumêdya kacêthakakên.

Na. Rê kalihan lê lastantun kangge ing sêsêratan.

2. A, I, E, U, O botên wênang dados pasangan, mila sêsigêg ing ngajêngipun kapangku, kados ta: wulan April.

--- 186 ---

Lê, manawi dados pasangan kawangsulakên [...]Pasangan la dipêpêt. kados ta: adol lênga,Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipasangi pasangan la dipêpêt. êdollên

Rê, pasanganipun lastantun rê.Huruf Jawa yang dipakai: pa dicêrêt.

XII. Aksara Rekan

1. Aksara rekan kangge nyêrati têmbung mônca manawi parlu badhe kacêthakakên.

2. Aksara rekan ingkang pasanganipun wontên ngandhap sêsigêg kados ta: Abdul Ghani.

Manawi sêsigêg kalayan pasanganipun sami aksara rekan, sêsigêgipun kêdah kapangku, kados ta: Aphghanistan.

3. Aksara rekan, manawi angsal sandhangan wulu, pêpêt, cêcak utawi layar, cêcakipun tiga wontên ngajêng (kiwa) sandhangan, kados ta: dzikhirpharlu.

--- 187 ---

XIII. Ôngka Jawi

Ôngka Jawi kangge urut-urutaning bab sarta titimôngsa.

IV.XIV. Ôngka Rum

Ôngka Rum kenging kaangge wontên ing sêratan sastra Jawi, inggih punika kangge urut-urutan ôngka taun sasaminipun, dene aksara Latin botên kenging kasambut kangge urut-urutan.

XV. Aksara Latin Dalah Angkanipun

Aksara Latin dalah angkanipun manawi kasêrat amor kalihan aksara Jawi: kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.

XVI. Ôngka 2

Ôngka 2 botên kenging kaangge nyêkak têmbung, sakalihan utawi têmbung [tê...]

--- 188 ---

[...mbung] dwilingga, kados ta:

pangabêkti sakaliyan botên kenging kasêrat pangabêkti 2 yan

alun-alun botên kenging kasêrat alun2

Katranganipun pangrêmbag

I. Têmbung Lingga

1. Panyêratipun têmbung lingga mawi ngrangkêp aksara, punika namung kabêkta saking pakulinan, utawi tiru-tiru sêratan basa Sangsêkrita, upaminipun: citta, bikku, sapanunggilanipun, sarèhning botên wontên gunanipun sarta ing sapunika têmbung citta, bikku, kasêrat cita, biku, mila têmbung tunna, wanni, bannyu sapanunggilanipun inggih prayogi kasêrat tuna, wani, banyu, [ba...]

--- 189 ---

[...nyu,] sapanunggilanipun.

Sêratan tanya, punika sampun turut kalihan panunggilanipun.

munya-Huruf Jawa yang dipakai: aksara na dipengkal. munyaHuruf Jawa yang dipakai: aksara nya. donya-Huruf Jawa yang dipakai: aksara na dipengkal. donyaHuruf Jawa yang dipakai: aksara nya. nanging tanyaHuruf Jawa yang dipakai: aksara na dipengkal. dados tanya,Huruf Jawa yang dipakai: aksara nya. andadosakên kalintuning pamaos pasêksènipun têmbung ka sa sanajan lêrêsing ungêlipun ka-sa nanging tiyang wicantên mungêl kå-så, mila têmbung tanya kêdah kasêrat tannya supados botên kalintu pamaosipun.

2. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun lêgêna mênga, pakêcapanipun wanda wiwitan wau mawi pêpêt, nanging panyêratipun prayogi kalastantunakên lêgêna, mila makatên amargi taksih kathah ingkang botên tumrap

--- 190 ---

manawi kadunungan pêpêt, upaminipun: wacaka, bawana, caraka.

3. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg aksara irung, punika pakêcapaning purwanipun wontên warni kalih, mawi pêpêt utawi lêgêna, mila panyêratipun prayogi karuntutakên akalihan pakêcapanipun.

4. Ing têmbung Jawi wanda sangajêngipun wanda wêkasan, botên wontên ingkang sigêg, kajawi sigêg ing aksara irung.

Sêsigêg ra [...]Tertulis: sandangan layar. ingkang tumrap wanda sangajêngipun wanda wêkasan, pakêcapanipun cara Jawi dados rê.

ardi - rêdi

arja - rêja

--- 191 ---

arsi - rêsi

Mila têmbung parlu manawi manut pakêcapan Jawi prayogi kasêrat prêlu botên pêrlu.

5. Warganing aksara punika kêdah taksih dipun èngêti, botên namung tumrap atêr-atêr anuswara kemawon, tumrap têmbung lingga inggih makatên, sarojaning wod: dang dados dandang, bang dados bambang, cang dados canycang, malih ing ... ng, dados na, ma, nya, punika sababipun botên sanès namung saking ngruntutakên warganing aksara, mila anyjara, atêr-atêripun kêdah any, sêsigêg nya, punika dados sêsulihipun na, manawi wanda urutipun aksara ca, ja, samantên punika manawi taksih tunggil têmbung.

--- 192 ---

II. Têmbung Andhahan Ingkang Mawi Atêr-atêr

1. Ha. Atêr-atêr anuswara punika sayêktosipun swaranipun sandhangan cêcak (brêngêngêngipun aksara irung) mila têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh prayogi kasêrat tanpa ha, kados ta: nantang, dene manawi wontên parlunipun kenging kaulur mawi ha, kasêrat anantang, upaminipun tumrap ing kidung.

2. Kriya wacaka sarta karana wacaka, panyêratipun katurutakên kalihan tandukipun, sami botên mawi nyigêg na.

3. Ing kina atêr-atêr kê botên wontên, ingkang wontên atêr-atêr ka, upaminipun:

--- 193 ---

ton - katon, jog - kajog.

Têmbung: kèli manut wêwaton sandi saking ka + ili.

Kolu saking ka + ulu.

Botên saking kê + ili, kê + ulu, dados sampun têtela atêr-atêripun ka, nanging ing jaman sapunika atêr-atêr ka tumrap ing têmbung ingkang purwanipun botên luluh pakêcapanipun warni kalih: ka (tanggap) kalihan kê (bawa) suraosipun beda, mila atêr-atêr ka (bawa) tumrap ing têmbung ingkang purwanipun botên luluh, kêdah kapêpêt, manawi badhe damêl cawuhing suraos kalihan tanggap ka.

4. Têmbung ingkang apurwa ha, angsal atêr-atêr pi, pri, manawi lingganipun taksih

--- 194 ---

cêtha sangêt, purwanipun lastantun kasêrat ha, ingkang lingganipun sampun kirang cêtha, ewah dados ya.

III. Têmbung Andhahan Ingkang Mawi Sêsêlan

1. Miturut runtut kalihan panunggilanipun sêsêlan na sarta ma, panyêratipun têmbung ingkang angsal sêsêlan ra utawi la, kêdah kaulur: jalêrit, manawi wontên parlunipun kenging kacêkak jlêrit.

2. Rangkêpipun na, sêpên ing sabab, namung kabêkta saking pakulinan, dados botên wontên gunanipun, mila na prayogi botên karangkêp.

IV. Têmbung Andhahan Ingkang Mawi Panambang

--- 195 ---

2. Panambang ha manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga: ha, na, ca, tanpa sandhangan swara botên ewah taksih têtêp ha, manawi wanda wêkasan wau kadunungan ulu utawi taling, panambang ha malih dados ya, manawi karakêtan suku utawi taling tarung, panambang ha malih dados wa, samantên punika manawi wanda wêkasan wau dede aksara ya utawi wa.

3. Panambang e manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga, kapitulungan ing brêngêngênging na, dede panambang an, saupami kapitulungan panambang an, amasthi sandhangan wulu utawi suku ing wanda wêkasan malih dados taling

--- 196 ---

utawi taling tarung, môngka kawontênanipun botên makatên.

dhuku - dhukune botên dhukonne

budi - budine botên budènne

pramila:

jara + e = jarane botên jaranne

dhuku + e = dhukune botên dhukunne

budi + e = budine botên budinne.

4. Panambang i yèn tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga têtela angsal pitulunganipun panambang an, tandhanipun dene sandhangan ulu utawi suku ingkang dumunung ing wanda wêkasan [wêkasa...]

--- 197 ---

[...n] malih dados taling utawi taling tarung, upaminipun

iji - ngijènni

têmu - nêmonni

mila: madha + i = madhanni

5. Ha. Panambang an manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga sarta kadunungan ulu utawi taling, suku utawi taling tarung, manawi botên luluh dados yan utawi wan, punika amung ngruntutakên akalihan pakêcapanipun.

Na. Ca. Panambang an manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan kadunungan wignyan, botên ewah, namung tumrap ing têtêmbungan sawatawis ingkang mèh ical uwiting têgêsipun, sandhangan wignyan ing

--- 198 ---

wanda wêkasan kabucal, manawi wanda wêkasan wau kadunungan ulu, panambang an malih dados yan, bilih kadunungan suku malih dados wan.

palih - paliyan, kalih - kaliyan, karuh - karuwan.

Têmbung karuhanne, sandhanganipun wignyan kalastantunakên, amargi swaranipun cêtha.

6. Panambang ên, kawontênanipun kados panambang e, yèn tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga botên kapitulungan panambang an, namung kapitulungan brêngêngênging aksara na.

7. Panambang ana, manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan [wêkasa...]

--- 199 ---

[...n] mênga, kapitulungan panambang an rumiyin, katranganipun kados panambang i, amargi panambang ana punika dados rimbag sambawa (agnya) ning i kriya.

8. Ha. Têtela saking pakêcapan, têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga manawi kapanambangan ake, kapitulungan ing sêsigêg ka rumiyin, upaminipun

lara - nglarakake

Panyêrat nglarakake punika nyulayani traping panambang, dene ha purwaning panambang botên malih dados sêsigêging wanda wêkasan, nanging wontên prêlunipun, inggih punika kangge ambedakakên kalihan têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg ing aksara ka, supados [supado...]

--- 200 ---

[...s] anggampilakên panyuraos, damêl padhang ing ukara.

Na.9. Na.

Sêsigêg na punika asring kalintu ing ka,

takon, tekok

katon, ketok

wadon, wedok

Wontên têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg na, manawi dipun panambangi ake, sêsigêgipun na ewah dados ka. Sarèhning sêsigêg na asring kalintu ing ka, mila traping panambang inggih kados manawi rumakêt ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg ka.

10. Panambang ipun, trapipun kados panambang e, manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga

--- 201 ---

ing pakêcapan kados ta kapitulungan panambang: an, nanging panyêratipun botên.

V. Têmbung dwipurwa, têgêsipun wiwitan kalih (rangkêp) purwaning têmbung punika awujud wanda, sarèhning wanda punika manawi karangkêp sandhanganipun swara katut, dados panyêratipun têmbung dwipurwa inggih kêdah ngrangkêp sandhangan swara.

Têmbung: gônda, dados gagônda amargi sandhangan taling tarung ing têmbung gônda, sasaminipun punika dede taling tarung lugu, tandhanipun manawi dipun panambangi ical, gônda-gandane.

VI. VII. Têmbung ingkang apurwa aksara ha

--- 202 ---

manawi kadamêl rimbag dwilingga, sanajan pakêcapanipun aksara a, purwaning lingga ing têmbung ingkang wingking malih dados sêsigêging wanda wêkasan ing têmbung ingkang ngajêng, nanging panyêratipun kalastantunakên aksara a, prêlunipun supados katingal cêtha manawi punika têmbung dwilingga. Makatên ugi aksara a, purwaning têmbung ingkang wingking têmbung camboran.

IX. Gêmbung punika kala kinanipun kalêbêt sandhangan, ananging ing jaman sapunika sampun limrah kaanggêp pasangan, mila botên kenging kasêrat rumakêt ing pasangan ingkang dumunung wontên sangandhaping [sangandha...]

--- 203 ---

[...ping] aksara, amargi badhe awujud aksara sungsun tiga.

X. 1. Aksara murda kangge ing sêsêratan, kados ta: karNa, karSa, kaNdhi, maSjid, hèSthi, punika nulad cara Sangskrita, nanging kirang sampurna, amargi kathah ingkang botên katulad, mila prayogi kaicalan kemawon, makatên ugi namaning rêdi, lèpèn, kewan, sasaminipun, inggih botên kasêrat mawi aksara murda, amargi ingkang makatên punika tiru-tiru panganggenipun aksara murda ing sastra Latin, dados aksara murda amung kantun kangge ing tataprunggu.

XI. 2. Anggenipun aksara swara A,

--- 204 ---

I, E, O, U botên kenging kangge pasangan, amargi wujudipun salong sampun kados mawi pasangan, dados bilih kangge pasangan, wujud sungsun tiga.

XX.XII. Parlunipun kasêrat jèjèr supados angringkêsakên papan, bilih botên jèjèr rowa.

--- 205 ---

30. Katur wisesaning kumisi angrêmbag panyêrating têmbung Jawi.

Kula sampun anampèni sêratipun wisesaning kumisi angrêmbag panyêrating têmbung Jawi, katitimangsan tanggal kaping 9 Sèptèmbêr 1923 ôngka 232, kanthi sêrat pratelan karampunganing pangrêmbagipun kumisi agêng dalah katranganipun wêwaton panyêrating têmbung Jawi, sadaya suraosipun sampun sami kula sumêrêpi.

Mênggah pratelan karampunganing pangrêmbag saha wêwatoning panyêrat wau, kula sampun anyondhongi, namung wontên ingkang kula pratelakakên sawatawis, [sawatawi...]

--- 206 ---

[...s,] kados ing ngandhap punika.

1. Kasêbut ôngka II, adêg-adêg 3, têmbung bawa ka ingkang atêr-atêripun botên luluh kalihan purwaning lingga, manawi sagêd damêl cawuh suraosipun kalihan tanggap ka, atêr-atêripun bawa ka, kasêrat ngangge pêpêt, kados ta: kêdadak, punika kajawi kula sampun anyondhongi, amrayogèkakên sadaya bawa ka, ingkang atêr-atêripun botên luluh kalihan purwaning lingga, panyêratipun inggih sami anganggea pêpêt, kados ta: kêjêglug, kêbanjur, sapanunggilanipun.

--- 207 ---

2. Kasêbut bab V, têmbung dwipurwa angrangkêp sandhangan swara, kados ta: rigên = ririgên, truka = tutruka, weka = weweka, bondhot = bobondhot, sasaminipun, nanging gônda botên gogônda, amargi sandhanganipun taling tarung, dede taling tarung lugu, tandhanipun manawi dipun panambangi ical, kados ta: gandane, manawi makatên tôndha, rôndha, bôndha, sônja sapanunggilanipun, punika manawi kadamêl dwipurwa, panyêratipun inggih prayogi kados panyêratipun têmbung gônda, amargi sagêd dados: tandhane, randhane, bandhane, sanjane.

--- 208 ---

3. Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, panyêratipun têmbung dwiwasana rumiyin dèrèng karêmbag, pamanah kula prayogi karêmbag pisan, dene pamanggih kula mirit saking pakêcapan aksara purwaning têmbung sakeca dipun pêpêt, kados ta: jêpupung, jêdhodhog, jêbobog, jêgogos, sapanunggilanipun.

Ingkang punika sadaya wau mugi andadosakên kauningan saha kula nyumanggakakên.

Katur tanggal kaping 14 Sèptèmbêr 1923, utusanipun pangagênging parentah kraton.

W. G. Nitipraja, Èsmutani.

--- 209 ---

Ôngka 98.

31. Radyapustaka ngaturi uninga dhumatêng para liding kumisi kasusastran, Radyapustaka nampèni sêrat saking dhepartêmèn pan ondêrwis, kanthi panimbang saking up rêdhaktur Bale Pustaka, katur dhepartêmèn, mratelakakên bilih karampunganipun pangrêmbagipun kumisi kasusastran kados pratelan ingkang sampun kakintunakên, punika wontên ingkang botên dipun condhongi, sarèhning sêrat saking dhepartêmèn wau pamanggihipun Radyapustaka amung sakêdhik ingkang prêlu karêmbag, saupami mawi parêpatan akalihan para liding kumisi kasusastran kêronehan, mila amung lajêng karêmbag Radyapustaka piyambak kemawon, mawi dipun apsahi [apsah...]

--- 210 ---

[...i] kumisi alit, inggih punika kumisi rêdhaksi ingkang katêtêpakên dening para liding kumisi kasusastran nalika parêpatan, pinanggihing rêmbag pamrayogi wau ingkang dipun condhongi amung wontên tigang bab, 1. Bab têmbung: klapa, bludru, 2. Bab têmbung bawa ka, 3. Bab aksara rekan ingkang sumambêt ing wanda sigêg.

Mênggah sêrat ingkang saking Bale Pustaka sarta pratelan wangsulanipun Radyapustaka dhatêng dhepartêmèn kados têtêdhakan ingkang kaaturakên asarêng punika, kajawi punika Radyapustaka nampèni pamrayogi saking parentah karaton Ngayogyakarta, sarta Radyapustaka piyambak mêwahi pratelan [pratela...]

--- 211 ---

[...n] karampungan rêmbagipun kumisi, katranganipun ugi sampun kasêbutakên wontên ing pratelan wangsulanipun Radyapustaka wau.

Ingkang punika, mugi andadosakên kauningan.

Surakarta kaping 31 Marêt 1924.

Wisesa kapambêng.

Katandhan kondhang W. G. Wôngsanagara

Panitra

W. G. Prajakintaka

--- 212 ---

De Javaanshe Spelling

I. Tembung Lingga

1. Al. 1. Accoord

' 2. niet Accord, op grond vande overweging dat de Afwijking niet bijde spelling maar wel in de uitspraak is Even goed ie mand, die Yavaansch verstaat ora en boya ora en boya, maar niet ora en boya uitspreekt, spreekt hij, die kawi verstaat tanya tanya maar noet tanya uit.

De Alinea kan m. i dus vervallen

3. Accoord

2. Accoord

3. Accoord

4. Aan het eind bij te voegen de Zinsnede: kajawi têmbung-têmbung [têmbung-tê...]

--- 213 ---

[...mbung] mônca ingkang sampun kaanggêp dados têmbung Jawi, kados ta: gupêrnur jendral, prosès pêrbal.

5. Accoord

6. Ik kan hiermede niet Accoord gaan. Integendeel, men zegt en schrijft bij voorkeur: klapa, bludru, wordt mitsdien voorgesteld om de redactie te wijzigen in.

Têmbung klapa, bludru, manawi botên wontên sababipun ingkang prêlu, kados ta: wontên ing kidung, botên kenging kasêrat: kalapa, baludru.

7. Accoord

II. Tembung andahan ingkang mawi ater-ater

1. Accoord

2. De redactie komt mijondui delijk voor. Het ware beter omdaar voor in

--- 214 ---

de plaats te zeggen.

Têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kalihan atêr-atêripun anuswara, manawi angsal atêr-atêri pa, atêr-atêripun anuswara wau botên karangkêp, kados ta: panêmbah, panyêkêl botên pannêmbah, pannyêkêl.

3. In de tweede alinea komen mij de woorden, manawi sagêd damêl cawuhipun suraos akalihan tanggap ka, en têmbung bawa ka wau overbodig voor. Immers in alle bawa ka woorden, waarbij de eer steletter greep vanden stam niet met het voorvoegsel ka samenstelt, wondt het voorvoegsel door kê vervangen, anverschillig of het al dan niet verwarring zal geven met tanggap ka.

--- 215 ---

bijv kedaluwarso, kepranggul enz.

Wordt mitsdien beleefd voorgesteld om de redactie tewijzigen in. Manawi atêr-atêripun: ka, têmbung bawa ka kasantunan kê, kados ta: kêdadak, kêdaluwarsa, kêpranggul.

A. Accoord

III. Tembung andahan ingkang ngangge seselan

1. Accoord

2. Accoord

IV. Tembung andahan ingkang mawi panambang

I. De redactie lijkt mij zeer ondoelmatig omdat daar gesproken wordt alleen vande beginletter van meer letter grepige achter voegsels, zoo dat de een letter grepige daar van uitgeslaten zijn,

--- 216 ---

ondanhs het geit de vele daar van met de sluitletter van den stam samensmelten, Gaarne zou ik de redactie ruimer willen maken door ze te wijzigen in.

Panambang a, i, e, an, ên, lan purwaning panambang ake, akên, ana, manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg, sami luluh akalihan sêsigêging wandanipun wêkasan, kados ta: maburra, nututti, wêdhusse, wêlassan, wudunnên, ngalussake, nyundhukkakên, warêggana.

2. Accoord

3. Accoord

4. Accoord

5. In het algemeen ga ik daar mede accoord. Maar de uit drukking purwaning panambang is hier n. b. m. niet.

--- 217 ---

goed op haar plaats. Immers is achter voegsel an eenlettergrepig. Iboe zal men het dan kunnen verdeelen in een begin en een einde? De zinsnede purwaning panambang malih dados: ya, wore te wijzigen in: panambang: an malih dados yan, kados ta: enz.

Evenzoo dienen de woorden: purwaning panambang malih dados: wa, voorko mende in de daarap volgende alinea, vervangen te worden door, panambang: an malih dados wan, kados ta: enz.

De redactie van de beide genoemde alinea zaldus zijn.

Ha. Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan: wulu, utawi taling, môngka botên luluh, panambang: an malih dados yan, kados ta:

--- 218 ---

dadi, kadadiyan

gadhe, pagadheyan.

Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan suku utawi taling tarung môngka botên luluh, panambang an malih dados wan.

laku - kalakuwan

jago - jagowan

Met sub ben ik het niet heele maal eens, omdat regelslecht een paar woorden geldt, hetgeen blijkt uit de woorden, wontên têmbung sawatawis ingkang ...

terwijd in werkelijk heid bij alle woorden met een uitgang uh of oh, maar waarvan de laatste lettergreep geen wuh of woh is, het achtervoegsel an niet woglating.

--- 219 ---

van de sluitletter h in wan kan veranderek. Evenzoo kan an bij alle woorden met een uitgang ih of eh mede met weglating van desluitletter h in jan veranderen bijv.

wêruh - kawêruhan of kawêruwan,

jojoh - jojehanjojohan. of jojowan,

sugih-kasugihan of kasugiyan,

oceh - ocehan of oceyan,

men mag dus naar keuse beide schrijwijzen volgen, zonder dat men aan de beteekenis van het woord een afbreuk doet. Even zoo goed als men in het Hollandsh mag schrijven, moeilijke en moeie lijh, gemaklijk en gemakkelijk, zal men in het Yavaansch ookmogen schrijven: kawêruhan of kawêruwan, [kawêruwa...]

--- 220 ---

[...n,] en kasugihan of kasugiyan, verder kont mij het onder scheid, dat de vergadering heeft trachten te maken tusschen:

palihan en paliyan, gezocht voor beide woorden beteekenen: zoo wel zoogbreoder of zoogzuster als helften (zie Javaansch Nederlandsch woordenboek van Gericke en Roedra, bijv, paro) op grond van het bovenstaande stel ik beleefd voor omde redactie te wijzigen in:

Na. Panambang an, manawi karakêtan ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan kawignyan sarta kasuku utawi kataling tarung, manut kajêngipun ingkang nyêrat kenging kasêrat wêtahan, lan kenging kasantunan wan, nanging wignyan [wi...]

--- 221 ---

[...gnyan] kabucal, kalih pisan sami lêrêsipun, kados ta:

wêruh - kawêruhan, utawi kawêruwan

cocoh - cocohan cocowan"

Nanging manawi wandanipun wêkasan têmbung ingkang karakêtan wau aksara wa, panambang an karakêtakên ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan kawignyan saha kawulu utawi kataling, panambang wau kenging kawêtahakên: an, lan kenging kasantunan yan,

kapalih - palihan utawi paliyan

ocèh - ocehan " eceyanoceyan.

Nanging manawi wandanipun wêkasan têmbung ingkang kapanambangan wau aksara ya, panambang an kêdah kalulusakên, kados ta: lèyèh-lèyèhan botên leyeyan sub behoort naar aanleiding daar van te vervallen.

--- 222 ---

6. accoord

7. accoord

8. accoord

9. accoord

10. accoord

11. accoord

V. Dwipurwo

accoord

VI. Dwilingga

accoord

VII. Camboran

accoord

VIII. Tembung: ing

accoord

IX. Gembung (pasangan wa)

accoord

X. Aksara Murda

1. in geen geval kan ik accoord gaan met het voorstel van de

--- 223 ---

vergadering tot het handhaven van aksaras murda als tataprunggu (eerbeid) op grond van de onder volgende over wegingen.

A. het berust heelemaal op een mis verstand. De letters zijn in werkelijkheid geaspireerde letters, die oudtijds dienst de den ombepaalde sanskr, woorden dus niet altijd namen van in aanzien staan de personen te schrijven, zoo als de Javanen thans meenen.

B. De Javaansche aksaras murda zijn te weinig in aantal (er zijn ermaard) om alle moglijke namen van in aanzien staande personen te schrijven, ze zijn zelfs niet genoeg, om alle sanskr, woorden die in het Javaancsh burgerrecht,

--- 224 ---

hebben gekregen, teschrijven voor onderstaande zware lettersbestaan aksara murda (zie tabel van oud en Nieuw Indische alphabetten door K.F. Holle):

in het vastland van indie op Java.

Kh ... kh, ch ... ch, Tjh ... -, Th ... -, Dh ... -, N ... N, Th ... Th, Dh ... -, Ph ... Ph, Bh ... Bh, c ... c, Sh ... sh, Wjh

C. Het gebruuk van aksaras murda tat totoprunggu geeft vaak aanleiding totonaangenaamheid, In Solo bijv is men gehouden te schrijven Pakubuwana (Sunan) en Sasradiningrat (escrijkbestuurder)

--- 225 ---

waarbij dus bijna alls aksaras murda zijn maar men schrijft Willêm, ingkang kaping III (koning van Holland) waar geen enkele aksara murda in voorkomt, waar door wij in verband met de tataprunggu den in druk krijgen, dat wijlen koning Willem III, in grootheid voor den Sunan van Solo. Zelfs voor den everijksbestuurder onder deed Dat vatten wij, Gouvernements dienaren, als een beleediging van het huis van oranye op.

D. De tataprunggu is niet vast, in Solo schrijft men bijv.

Sasradiningrat, als die naam zelfstanding wordt genoemd bijna geheel met aksaras murda bijv Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing karaton Surakarta,

--- 226 ---

têdhak papriksa dhatêng dhusun Pajang.

Maar komt die naam naast dien van den Sunan of in een aan 2. H. gervoht schrijven voor, dan mag men daar voor geen aksaras murda bezigen bij sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X aparing dhawuh pangandika dhumatêng Radèn Adipati Sasradiningrat ... of.

Abdi dalêm kawula Tumênggung Tanunagara, ngunjuki wuninga ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun, bilih kawula sampun tampi dhawuh saking abdi dalêm patih Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 227 ---

Men ziet dus duidelijk dat de naam van een en den zelfden persoon al naar gelang van de gelegen heid, waar die genoemd wordt op verschillende wij zen geschreven mut worden, in strijd dus met de westersche beschaving, die de intellectueele inlanders hebben over genoem, volgens, welke de spelling van eigennamen vast moet blijven waar bijk van Eijok moet staan, magmen niet schrijven = van eijok of van Eijk, en omgekeerd.

E. De vergadering wilde aksara murda benutten voor tataprunggu maar heeft niet kunnen bepalen, tot hoever zich de tataprunggun magHalaman 228 dan seterusnya.

--- 227 ---

strekken, d.i. tot welke betrekking of waardig heid.

F. Een spelling valgens de tataprunggu komt niet altijt overeen met die volgens de wetenschap, tot voorbeeld mogen dienen Babad Tanah Jawi I en II deel. In het eerste deel is voor eigennamen gevalgd de wetenschappelijke spelling die in den Holland schap tekst duidelijk is aan gegeven; maar in het twee de deel is gedwongen om de spelling volgens tataprunggu te volgen omdat in de Hollansche editied de namen niet wetenschappe: lijk gespeld zijn, met het

--- 228 ---

gevolg dat O.d. Mojopahit en Pajajaran in het eerste deel Majapahit en Pajajaran en in het tweede deel Majapahit en Pajajaran geschrijven zijn wat zeker niet aan te bevelen is.

G. De tataprunggu kan strijdig zijn met de leer van de gods dienst. Krachtens laatsgenoemde is iedereen verplicht om zijn auders te eer biedigen. Nuschrijft iemand bijv aan zijn vader die een voudig een landbouwer is = katur ingkang rama Kasan Sarpin, kuli ... enz. Zulk een spelling zal door de gods dienstleer gehuldig maar door de vergadering veroordeeld worden, om dat de geadresseerde

--- 229 ---

iemand van zeer lagen stand is, en

H. De tataprunggu herinnert ons aande kruiperig heid van de Javanen, die door de instelletueelen sterk wordt veroordeeld op grond van het bovenstaande wordt beleefd voor gesteld, om voor het modern Yavaansch de aksaras murda afte schaffen.

XI. Aksara Swara

Accoord

XII. Aksara Rekan

1. Accoord

2. niet heelemaal accoord in de eerste alinea heeft de vergadering maar een voor beeld genoemd n.i. Abdulgani, [Abdul...]

--- 230 ---

[...gani,] naar van de slot letter tuvallig niet rekan kan zijn maar neem men nu tot voor beeld, een woordt met een slot better die niet rekan is, naar van men achter rekan letter kan maken, gevolgd door een rekan letter, bijv Mukthir dan kan men dat niet schrijven op de wijze zoo als die door de vergadering is aangegeven n.i. Muktir zonder te verwarren met; Muhtir om eventueele verwarring nu te voorkomen is net m.i. wenschelijk om te bepalen, dat een aksara rekan die op een sluitletter volgt, niet daar onder geschreven mag worden, het zij als aksara

--- 231 ---

het zij als pasangan, en dat achter de sluitletter een pangkon moet aan, alzoo schrijft men: Mukthir Abdulghani enz.

Even min mag onder een aksara rekan, die als sluitletter dienst doet een andere letter in welken vorm ook staan. Waar laatst bedoelde letter er onder zou kunnen, behoort achter genoemde sluitletter een pangkong te staan alzoo schrijft men nifkah, afkaar (meervoud van gedachten) en afganistan niphkah, Aphkar, Aphghanistan.

Mitsdiens stel in beleefd voor om de redactie van alinea 2 te wij zigen in.

--- 232 ---

Aksara rekan botên kenging kasêrat warni aksara utawi pasangan wontên sangandhaping aksara sêsigêg, manawi pasanganipun botên kenging kasêrat wontên sawingkinging aksara sêsigêg, sêsigêgipun kêdah kapangku, kados ta: mukthir (têgêsipun sugih), Abdulghani.

Aksara rekan manawi dados sêsigêg, botên kenging dipun pasangi sangandhapipun, manawi aksara candhakipun botên gadhah pasangan ingkang kenging kasêrat sawingkinging sêsigêg, sêsigêgipun kêdah kapangku, kados ta: niphkah,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa rekan dipangku diikuti aksara ka di sampingnya. aphkar,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa rekan dipangku diikuti aksara ka di sampingnya. aphghanistan.Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa rekan dipangku diikuti aksara ga rekan di sampingnya.

3. Accoord

XIII. Angka Jawi

Niet heelemaal accoord.

--- 233 ---

Gaarne zag ik achter het woord de woorden Jawi tuwin Arab te volgen zoo dat de zin luidt.

Ôngka Jawi kangge urut-urutaning bab sarta titimôngsa Jawi tuwin Arab.

XVI. Angka Rum

De woorden angka taun zou ik gaarne latenn vervallen want het is erg on praktisch een jaar tal te schrijven met Romeinsche cijfers, bijv MCM XIII korter en gemak kelijker is natuurlijk te schrijven 1913 ook den laatsten zin.

Dene aksara Latin botên [botê...]

--- 234 ---

[...n] kenging kangge urut-urutan.

Zou ik laten vervallen in vele aprichten geef ik, voor indeelingen, aan de latijdsche letter de voor keur boven de Javaansche, omdat eerst genoemde practischer, op vallender en verschiedener zijn dan laatst genoemde bijv letter men hoogsten twee soorten heeft bijv ha en ha.

XV. Aksara Latin dalah angkanipun

Accoord.

XVI. Angka 2

Accoord.

Weltevreden 4 December 1923

de Yavaansche hoofdredacteur op het burean

voor de Volkslecteur

W. G. Cokrodibroto

--- 235 ---

1I. Têmbung Lingga

Ôngka 1: adêg-adêg kaping kalih, Radyapustaka botên nyondhongi.

Têmbung tannya, prayogi kasêrat ngrangkêp aksara, amargi bilih kasêrat tanya, Radyapustaka ngintên tamtu badhe andadosakên kalintuning pamaos, amargi tannya punika têmbung Kawi, kathah ingkang botên mangrêtos, beda kalihan têmbung ora, boya, sadhengah tiyang mangrêtos.

Ôngka 4

Condhong kawêwahan, nanging pamanggihipun Radyapustaka wêwahanipun prayogi mungêl, kajawi têmbung-têmbung amônca ingkang [ing...]

--- 236 ---

[...kang] badhe kacêthakakên, kados ta: gupêrnur jendral, prosès pêrbal.

Ôngka 6

Condhong kaewahan mungêl.

Têmbung klapa botên kasêrat kalapa, têmbung bludru botên kasêrat baludru sasaminipun.

Namung manawi wontên prêlunipun, sawêg kenging kasêrat: kalapa, baludru.

II. Têmbung Andhahan Ingkang Mawi Atêr-atêr, Adêg-adêg kaping kalih

Condhong kaewahan, nanging pamanggihipun Radyapustaka ewah-ewahanipun Bale Pustaka kirang patitis, sêrattan, pannêmbah, pannyêkêl, punika ingkang karangkêp purwaning tanduk, dede atêr-atêripun, [atêr-atêr...]

--- 237 ---

[...ipun,] mila pamanggihipun Radyapustaka ewah-ewahanipun prayogi mungêl.

Têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kalihan atêr-atêripun anuswara, manawi angsal atêr-atêr pa, purwaning tanduk botên karangkêp, kados ta: panêmbah, panyêkêl, botên pannêmbah, pannyêkêl.

Adêg-adêgIII. Adêg-adêg. kaping tiga

Condhong kaewahan dados mungêl.

Têmbung bawa ka ingkang atêr-atêripun botên luluh kalihan purwaning lingga, atêr-atêripun ka kados ta: kêdadak.

--- 238 ---

IV. Têmbung andhahan ingkang mawi panambang, ôngka 1

Panambang ingkang apurwa aksara a, manawi tumrap ing wanda sigêg, a nipun malih dados aksara sêsigêg wau, kados ta: awanna, watakke, lêlessan, nanggappi, gêgêmmên, rahabbana.

Bale Pustaka mastani katrangan punika botên anyêkapi prêlunipun, sarta kaprayogèkakên dipun ewahi, nanging pangintênipun Radyapustaka anggènipun Bale Pustaka mastani botên nyêkapi wau, amung jalaran saking kalintu ing panampi, amastani bilih katrangan wau amung tumrap panambang ingkang langkung saking sawanda, punika ingkang kalintu, kajêngipun [kajêng...]

--- 239 ---

[...ipun] Radyapustaka sanajan panambang ingkang amung sawanda inggih sampun kalêbêt ing katrangan wau, amargi ingkang winastan purwaning panambang punika amung aksaranipun a, dados sampun lêrês ingkang luluh amung aksaranipun a wau, malah bilih kasantunan kados katrangan saking Bale Pustaka, punika kirang patitis, amargi panambang ake ingkang luluh inggih amung aksaranipun ha.

Ôngka 5

Anggènipun Bale Pustaka botên nyondhongi katrangan ôngka 5, punika inggih amung jalaran saking kalintu ing panampi dhatêng têmbung purwaning panambang, [pa...]

--- 240 ---

[...nambang,] kadosdene ingkang kasêbut ôngka 1 ing nginggil punika.

Adêg-adêg ciri aksara na

Radyapustaka botên nyondhongi, amargi kajêngipun komisi amatonakên, dados sêsagêd-sagêd panyêrat punika katêtêpakên miturut lêrêsing rimbagipun, dene wontên têmbung sawatawis ingkang mrojol saking wêwaton wau, inggih punika têmbung ingkang sampun botên kraos lingganipun, pamanggihipun Radyapustaka nama limrah, bilih kados katrangan saking Bale Pustaka punika nama amung nyakajêng dhatêng ingkang nyêrat, mila Radyapustaka botên nyondhongi.

--- 241 ---

X. Aksara Murda

Radyapustaka taksih amastani prêlu aksara murda punika kangge ing tataprunggu (tatakrami) wêwatêsanipun dumugi pangkat punapa ingkang kêdah kasêrat mawi aksara murda, kados kasêbut pratelan saking Bale Pustaka ciri aksara C, punika pancèn inggih botên wontên watêsanipun, sanajan namanipun tiyang alit bilih badhe dipun aosi inggih kenging kasêrat mawi aksara murda, dados tuladha ingkang kasêbut ing aksara G katur ingkang rama Kasan Sarpin, kuli, punika [pu...]

--- 242 ---

[...nika] komisi inggih anglêrêsakên, dene nama ingkang pancèn botên wontên aksaranipun murda, punika inggih sampun tamtunipun botên sagêd nyêrat mawi aksara murda, nanging botên wontên raosipun diksura, malah kosok wangsulipun saupami samangke kaicalan, punika nuwuhakên raos kirang sakeca, anjawi saking punika saupami aksara murda kaicalan, lajêng botên kawulangakên, punika benjing sadasa taun êngkas tiyang kathah badhe sami botên sagêd maos buku-bukunipun, taksih kathah.

--- 243 ---

XII. Aksara Rekan, adêg-adêg ôngka 2

Condhong, watonipun kasalinan mungêl makatên.

Aksara rekan ingkang sumambêt ing wanda sigêg, manawi pasanganipun aksara rekan wau botên kalêrês kasêrat wontên sawingkinging sêsigêg, aksaranipun sêsigêg kêdah kapangku, kados ta: Mukthir,Huruf Jawa yang dipakai: aksara ka dipangku diikuti aksara ta rekan di sampingnya. Ngabdul Ghani.Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipangku diikuti aksara ga rekan di sampingnya.

Dene bab aksara rekan botên kenging dipun pasangi, punika Radyapustaka botên nyondhongi, dene sampun botên prêlu, amargi bilih sampun wontên watonipun kados ing nginggil wau, sêratan

--- 244 ---

Mukhtir sampun têrang bilih mungêl Muchtir ingkang rekan sêsigêgipun, manawi Muhthir panyêratipun kêdah Mukthir.

XIII. Ôngka Jawi

Wêwahanipun Bale Pustaka mungêl: Jawi tuwin Arab punika Radyapustaka botên nyondhongi amargi titimôngsa Walandi inggih prayogi kemawon kasêrat mawi ôngka Jawi, dene manawi wêwarah ingkang rumiyin kaanggêp kirang cêtha, pamanggihipun Radyapustaka prayogi kaewahan dados mungêl. Ôngka Jawi amung kenging kangge urut-urutaning bab sarta kangge titimôngsa.

XIV. Ôngka Rum

Ôngka Rum kanggenipunkangge. nyêrati angkaning [angka...]

--- 245 ---

[...ning] taun, punika namung miturut caranipun Walandi, anggènipun nyêrat angkaning taun ingkang kadosdene côndrasangkala, dados botên ôngka taun tumrap titimôngsa limrah, kawrat sêrat ibêr sasaminipun, dene bab ôngka Latin, Radyapustaka nyondhongi ungêling wêwaton kasantunan aksara Latin kenging kasambut kangge urut-urutan.

Kajawi punika Radyapustaka ngaturi uninga bilih nampèni pamrayogi saking parentah karaton Ngayogyakarta, bab sêsêlan ra, la, sarèhning pamanggihipun Radyapustaka pamrayogi wau [wa...]

--- 246 ---

[...u] cocog kalihan pamanggihing Bale Pustaka ingkang kasêbut golongan I ôngka 6, mila lajêng kaêtrapakên kangge ngewahi pratelan karampungan rêmbagipun kumisi ingkang kasêbut ôngka III adêg-adêg ciri ôngka 1 kaewahan.

Sêsêlan ra, la, kasêrat miturut pangrimbagipun sêsêlan kados ta: prêntul, jlêrit, glêrêng, botên kasêrat parêntul, jalêrit, galêrêng, namung manawi wontên prêlunipun kenging kasêrat parêntul, jalêrit, galêrêng.

Sarta Radyapustaka piyambak mêwahi pratelan karampungan rêmbagipun kumisi sangandhapipun ôngka [ông...]

--- 247 ---

[...ka]

XV kawêwahan.

XVI. Aksara Arab dalah angkanipun

Aksara Arab dalah angkanipun manawi kasêrat awor kalihan aksara Jawi: kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.

Dene karampungan rêmbagipun kumisi ingkang ôngka XVI lajêng dados ôngka XVII.

Pratelan ing golongan I têmbung lingga kawêwahan adêg-adêg ôngka 8 mungêl.

Têmbung amônca ingkang sampun kangge ing têmbung Jawi panyêratipun miturut pakêcapanipun têmbung amônca wau, kados ta: bagasi saking bagage.

--- 248 ---

32. Sêratipun utusan pangagênging parentah karaton katur wisesaning Radyapustaka.

Utusan pangagênging parentah karaton, sampun anampèni sêrat saking wisesaning Radyapustaka, katitimangsan kaping 31 Marêt 1924, ôngka 98, sakanthinipun sampun sami kasumêrêpan.

Awit saking panimbangipun uprêdhaktur Bale Pustaka, saha pamrayoginipun parentah karaton Ngayogyakarta, ingkang kacondhongan sarta ingkang botên kacondhongan dening Radyapustaka, utusan pangagênging parentah karaton ugi sampun anyondhongi, mênggah [mêng...]

--- 249 ---

[...gah] bab aksara rekan, upami wontên sêsêratan niphkhah, punika sumêrêp aksaranipun rekan pha utawi kha, kadospundi, makatên malih panyêratipun têmbung Aphghanistan punika kadospundi.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan saha nyumanggakakên.

Katur tanggal kaping: April 1924.

--- 250 ---

Ôngka 94.

33. Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka katur utusaning paprentahan karaton dalêm Surakarta angrêmbag kasusastran Jawi.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, asarêng punika Pahêman Radyapustaka angaturakên nutilên purpêrgadring, kala kaping 29 Dhesèmbêr 1922 sarta nutilên parêpatan kumisi kasusastran kala kaping 30 ugi Dhesèmbêr wau, manawi wontên ingkang kagalih kirang sarta lêpat, mugi kaparênga ngewahi sarta mêwahi, kula sumôngga.

Surakarta kaping 12 April 1923.

Wisesa

W. G. Wuryaningrat

Panitra

W. G. Prajakintaka

--- 251 ---

34. Pèngêtan purprêgadêring, kumisi kasusastran ngrintênakên ing dintên Ngahad kaping 30/31 Dhesèmbêr 1922, manggèn ing griya musium Sri Wadari Surakarta.

Ingkang aparêpatan.

Pangarsa Radèn Mas HarArya. Wuryaningrat

Kumisi:

1. Utusan parentah karaton Surakarta: Radèn Ngabèi Nitipraja: Mas Ngabèi Èsmutani.

2. Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: Radèn Tumênggung Jayadipura, Mas Wadana Dwijasewaya.

3. Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran: Radèn Ngabèi Citrasantana, Mas Wôngsadiarja.

4. Utusan parentah kadipatèn Paku Alaman: Radèn Panji Jayèngpranata.

5. Wêwakil Kwiksêkulbon, Mas Jayasugita, Radèn Brata Arjiya.

6. Wêwakil P. G. H. B.: Mas Yasawidagda, Mas Andaga Widyakaryasa.

7. Wêwakil P. G. B.: Radèn Sutarman, Mas Tôndhadisastra.

8. Wêwakil Radyapustaka: Radèn Ngabèi Suradipura, Mas Prawiraatmaja.

Jam 8.5 pangarsa napukakên parêpatan, ingkang karêmbag:

I. Nêtêpakên pèngêtan parêpatan kumisi nalika kaping 27 Oktobêr 1922, pangarsa apratela pandamêlipun pèngêtan karingkês, ing têmbe panggarapipun prêslah kaulur.

1. Pangarsa mratelakakên lêpatipun ing pèngêtan putusan ôngka 4 (bawa ka) lêrêsipun mungêl: rimbag bawa ka, atêr-atêripun ka kapêpêt, yèn botên damêl kalintuning panyuraos, botên cawuh kalihan tanggap ka, kenging tanpa pêpêt.

--- 252 ---

2. Ewah-ewahan saking Kwiksêkulbon.

Ha. Ing ôngka VIII adêg-adêg kaping tiga (andharan) Kwiksêkulbon nalaripun saking ewahipun ... (salajêngipun dumugi padupada. lungsi). Lêrêsipun botên ngangge mratelakakên makatên, amila gatra wau kêdah kapêjahan.

Na. Putusan ôngka XV gèsèh kalihan nyatanipun, amargi wontên têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg na, sarta ngangge sandhangan dipun panambangi ake, sêsigêgipun ugi wontên ingkang ewah ka, kados ta: pinton dados mintokake, amila gatra sarta tanpa sandhangan kêdah dipun pêjahi.

Ca. Putusan ôngka XIX katêdha ewahipun, amargi kathah têmbung-têmbung kados makatên, ingkang purwanipun kêdah kasêrat tanpa pêpêt, kados ta: bandara, tamtama, sangsaya, sasaminipun.

Putusan wau lajêng kawêwahan. Ingkang swaranipun ngangge pêpêt manggèn sawingkingipun gatra sapisan têmbung lingga nigang wanda, ing purwanipun sigêg, ingkang swaranipun ngangge pêpêt salajêngipun.

Ra. Ing ôngka XX gatra: nama karangkêp, purwanipun punika namung dumugi wanda, têmbung wanda, kaewahan: aksara purwaning lingga dados mungêl: nama karangkêp punika namung dumugi aksara purwaning lingga. Gatra inggih punika aksara, kapêjahan.

Ing wêwahan katrangan: tinatuku lêrêsipun tinutuku.

Ka. Ing pèngêtan golongan ngajêng pratelanipun ingkang nyumêrêpi parêpatan ingkang adêg-adêg.

Tamu: tuwan ... salajêngipun ing pungkasan mungêl tuwan jugag, punika kadospundi kajêngipun.

Pangarsa mratelakakên punika jangkêpipun kasêrat E mudhi / E. Moodij.

3. Wêwakil P. G. B. apratela bilih pang P. G. B. Surakarta kala samantên ugi akintun wêwakil.

Prasabên punika lajêng kasusulakên ing pèngêtan nunggil lan pratelan [pra...]

--- 253 ---

[...telan] pakêmpalan ingkang akintun wêwakil dados ôngka 7.

II. Prêslah

Pangarsa apratela kadospundi pandamêlipun prêslah, sintên ingkang damêl sarta êsahipun badhe kadospundi lampahipun.

Ha. Utusan parentah karaton Ngayogyakarta usul ingkang damêl punika prayoginipun sèkrêtaris, lajêng kaêsahan ing kumisi pan rêdhaksi pêpilihan kumisi agêng.

Putusan.

Kumisi agêng adamêl êpanging kumisi, ingkang kapatah nindakakên pandamêlipun prêslah ngrampungi sarta ngintun-ngintunakên, ing sasampunipun rampung prêslah kawaradinakên dhatêng kumisi agêng, nitia ing saparlunipun. Manawi wontên ingkang kaewahan, ewah-ewahan wau tumuntên katampèkna dhatêng kumisi alit, saha supados rancag, botên dados êntos-êntosan anggèning ngintunakên ewah-ewahan wau kawangênan laminipun.

Pratelan ewah-ewahan wau sasampunipun ngalêmpak, karêmbag ing parêpatanipun kumisi alit. Kumisi alit wênang botên ngangge dhatêng ewah-ewahan ingkang kamanah kirang lêrês.

Parêpatan milih ingkang dados warganipun kumisi alit.

1. Radèn Mas Arya Wuryaningrat dados pangarsanipun.

2. Radèn Ngabèi Suradipura.

3. Mas Wadana Dwijasewaya.

4. Mas Prawiraatmaja.

5. Juru mèngêti (sèkrêtaris) tiga pisan.

Na. Pangarsa sêsorah ingkang limrah madêgipun kumisi punika wontên ingkang ngadêgakên. Ing sarampungipun kumisi nindakakên padamêlanipun, adamêl palapuran (prêslah), palapuran wau katampèkakên dhatêng ingkang ngadêgakên. Kumisi kasusastran punika botên kados ingkang kapratelakakên ing ngajêng, madêgipun awit saking ajak-ajak, botên wontên ingkang ngadêgakên, ing têmbe palapuranipun badhe katampèkakên [katampè...]

--- 254 ---

[...kakên] dhatêng sintên, samantên malih miturut putusan purpêgadêring nalika kaping 29 Oktobêr 1922, palapuran parêpatan punika kêdah kaaturakên dhatêng règêring saha parentah Jawi 4, kadospundi panindakipun, sintên ingkang nyorog, upami saking kumisi nama botên mantuk, dening adêgipun kumisi botên saking kaparêngipun parentah gangsal wau.

Prakawis punika dados rêmbag sawatawis dangu, wasana utusan parentah karaton Ngayogyakarta ingkang mungkasi rêmbag kumisi punika lêrês madêgipun botên wontên ingkang ngadêgakên, wontênipun namung saking ajak-ajak, nanging ingkang gadhah ada ajak-ajak punika punapa botên nama ingkang ngadêgakên, sarèhning ingkang gadhah ada wau Radyapustaka, dados inggih Radyapustaka ingkang nampèni palapuranipun kumisi, salajêngipun Radyapustaka ingkang ngaturakên dhatêng règêring sarta parentah Jawi 4.

Parêpatan condhong dhatêng pirêmbag punika.

Putusan: palapuran katampèkakên dhatêng Radyapustaka, salajêngipun katur dhatêng parentah 5 kaborongakên.

Ca. Wurdhênlis.

Pangarsa apratela dhatêng parêpatan, sintên ingkang kapacak anggarap wurdhênlis, waragadipun mêndhêt saking pundi, sarta panggarapipun kadospundi.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta asuka pêpèngêt, pandamêlipun wurdhênlis punika ngêntosana rumiyin ingkang dados kaparêngipun règêring, amargi manawi kasêsa damêl, môngka lajêng wontên katrangan règêring botên karsa ngagêm, punika badhe manggih pituna.

Pangarsa nawèkakên usul wau dhatêng ingkang gadhah usul sakawit (Kwiksêkulbon) usul nalika purpêgadêring kaping 29 Oktobêr 1922, punapa botên cêngkah kalihan usulipun.

Wêwakil Kwiksêkulbon mangsuli, usul wau lakar nyulayani usulipun kala purpêgadêring ingkang kapêngkêr, nanging sapunika ngajêngi dhatêng usul enggal, amargi para guru botên [bo...]

--- 255 ---

[...tên] kenging ngangge wurdhênlis, samôngsa dèrèng dados kaparêngipun kangjêng guprêmèn.

Pangarsa nêdha katrangan dhatêng parêpatan kadospundi sagêdipun nyumêrêpi ingkang dados kaparêngipun kangjêng guprêmèn.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta Mas Wadana Dwijasewaya apratela, sarèhning liding kumisi punika wontên ingkang dados lid polêk rad inggih punika Mas Wadana Dwijasewaya piyambak, punika samôngsa wontên parlunipun sagah nyuwun katrangan ngangge wêwênang anggènipun dados lid polêk rad.

Rêmbag punika karampunganipun nyondhongi pirêmbag utusan parentah karaton Ngayogyakarta, inggih punipunika. anggèning miwiti anggarap wurdhênlis ngêntosi manawi sampun nampèni katrangan kangjêng guprêmèn kaparêng ngagêm.

Mênggah ingkang kabêbahan anggarap Radyapustaka kaêsahan ing kumisi alit.

Wêwakil Radyapustaka nglairakên pamanggihipun wurdhênlis wau sampun namung maligi pratelan têmbung-têmbung, kadosdene logat Malayu, nganggea mratelakakên lênggahing têmbungipun: ngoko punapa krama sasaminipun. Ingkang kaping kalih têmbung-têmbungipun ingkang kamanah angèl utawi Kawi, kasisihana têgêsipun cêkakan. Wurdhênlis ingkang makatên kamanah badhe agêng paedahipun, amargi dumugi wêkdal punika dèrèng wontên bausastra têmbung Jawi, kawrêdinan têmbung Jawi.

Wêwakil Kwiksêkulbon condhong sangêt dhatêng pirêmbag wau, nanging pamanahipun badhe rakaos pandamêlipun, pakèwêd anggèning mêndhêt wêwaton lênggahing têmbung-têmbung amargi sawêg ing Surakarta kemawon, ing karaton kalihan kantor kapatihan sampun gèsèh.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta sarta wêwakil sanèsipun malih sawatawis, sami mratelakakên ing condhongipun dhatêng usul Radyapustaka.

Wêwakil Radyapustaka asuka katrangan dhatêng wêwakil Kwiksêkulbon ingkang kangge wêwaton ing sapunika,

--- 256 ---

sayogi bausastra RuhdhaRurdha. kemawon.

Parêpatan nyondhongi pirêmbag Radyapustaka.

Utusan: pandamêlipun wurdhênlis kêdah kapacak lênggahing têmbungipun, sarta ingkang kamanah angèl utawi têmbung Kawi, kasisihan têgêsipun cêkakan, ingkang kaangge wêwaton bausastra Rurdha.

Ra. Agendha ingkang badhe karêmbag ing parêpatan Ngahad enjing.

Pangarsa mratelakakên urutipun ingkang karêmbag ing parêpatan Ngahad enjing kaping 31 Dhesèmbêr 1922.

Ing sadèrèngipun nglajêngakên cikalan rêmbag kala parêpatan ingkang kapêngkêr dipun bukani nglêrêsakên putus-putusan ingkang kamanah sami dèrèng maton. Bilih sampun rêsik putusan nglajêngakên cikalan wau, inggih punika:

1. Aksara murda, 2. Aksara swara, 3. Aksara rekan, 4. Ôngka Jawi

Pangarsa nawèkakên punapa taksih wontên ingkang gadhah usul malih keceran tataning panyêrat ingkang dèrèng karêmbag.

Ingkang nusuli rêmbag

A. Saking Kwiksêkulbon:

1. Pada-pada Walandi ingkang kangge wontên ing sêratan Jawi.

2. Ôngka Walandi utawi Rum ingkang kangge wontên ing sêratan Jawi.

3. Aksara Walandi ingkang kangge ing sêratan Jawi.

4. Anggêsangakên pada-pada Jawi.

5. Sêratan Jawi samôngsa kasêrat sêsarêngan kalihan sêratan Walandi.

6. Panyêratipun têmbung-têmbung ing pakêcapanipun lajêng ngangge wignyan: karuhhane, pakehhana, lembehhana, jagohhana.

7. Ôngka kalih ingkang kangge ing dwilingga (paku 2) sarta

--- 257 ---

sakalihan (sa 2 yan).

8. Panjingan sanèsipun: wa, la.

B. Saking Radyapustaka.

1. Atêr-atêr pi, tumrap ing têmbung apurwa a.

2. Panyêratipun kriya wacaka kalihan karana wacaka, kados ta: panyêkêl, panêpèn.

3. Pasangan lê kasêrat [...]Huruf Jawa yang dipakai: pasangan aksara la dipêpêt. punapa [...]Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga lelêt.

Wanda ingkang dipun panjingi manawi dados pasangan ing ngandhap sêsigêg.

4. Panyêratipun têmbung ingkang wandanipun ing têngah ha, sarta swaranipun wanda ing ngajêng kados ngangge wignyan kados ta: raharja, rahina.

5. Panyêratipun wisesa na lingga: tossan, lessan, rossan, sasaminipun.

C. Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran.

1. Panyêratipun: padamêlan punapa pandamêlan.

2. Panyêratipun: sôngka punapa saka.

3. Tôndha tangan kêdah cêtha.

Usul ôngka 3 punika botên dipun tampèni, jalaran botên gandhèng kalihan tata panyêrat.

D. Utusan parentah kadipatèn Paku Alaman.

Panyêratipun sunya akalihan dunya ngangge sandhangan suku punapa taling tarung.

E. Usul saking Kwiksêkulbon malih.

Sarampungipun ngrêmbag tataning panyêrat, wêwakil Kwiksêkulbon adarbe panêdha lastantuning adêgipun kumisi punika, eman manawi kabibarakên. Kwiksêkulbon gadhah pangangkah kumisi punika lajêng manaha panulak sirnanipun aksara Jawi, wêkdal punika sampun katingal titikanipun aksara Jawi badhe sirna, katindhih ing aksara Latin, ancêr-ancêr panulakipun wau upami angajêngi aksara Latin kathah anggèning mratelakakên sabab-sababipun, sabab ingkang agêng kados [kado...]

--- 258 ---

[...s] ta: iriding waragad pangêcap, gampiling panata, ringkêsipun kumisi lajêng abudidayaa kadospundi lampah-lampahipun waragad ngêcap ngangge sastra Jawi inggih sagêd irid, katata gampil sarta ringkês.

Pangarsa asuka katrangan, kumisi punika manawi sampun rampung kêdah kabibarakên, botên sagêd santun ada. Sapunika kados sampun kathah pakêmpalan-pakêmpalan ingkang marsudi basa Jawi, sagêda bab punika lajêng kapasrahakên dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan wau.

Wêwakil Kwiksêkulbon pratela, manawi pakêmpalan wau wontên ingkang botên manah dhatêng aksara Jawi.

Wakil Radyapustaka: pamanahipun tiyang ingkang rêmên dhatêng basa Jawi punika ugi masthi rêmên dhatêng aksara Jawi.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta, Mas Wadana Dwijasewaya nyambêti, pancèn lêrês kados pratelanipun wêwakil Kwiksêkulbon, Mas Wadana piyambak marsudi dhatêng têmbung Jawi, nanging dhatêng aksaranipun botên.

Nampèni katrangan makatên wau, pangarsa nampèni pirêmbag wau, nanging badhe kapasrahakên dhatêng Radyapustaka amargi punika ugi kalêbêt ing programipun.

Wanci jam 10 pakêmpalan bibar.

--- 259 ---

35. Pèngêtan parêpatan kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi.

Parêpatan kumisi ngrêmbag kasusastran Jawi ingkang kaping kalih wontên ing dintên Ngahad kaping 11 Jumadilawal Jimawal 1853, utawi kaping 31 Dhesèmbêr 1922 manggèn ing griya museum Sri Wadari Surakarta.

Pangarsa Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Kumisi ingkang dhatêng 9.

1. Utusan parentah karaton Surakarta: Radèn Ngabèi Nitipraja, Mas Ngabèi Èsmutani.

2. Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: Radèn Tumênggung Jayadipura, Mas Wadana Dwijasewaya, Radèn Panèwu Jiwadipraja.

3. Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran: Radèn Ngabèi Citrasantana, Mas Wôngdiarja.Wôngsadiarja.

4. Utusan parentah kadipatèn Paku Alaman: Radèn Panji Jayèngpranata, Radèn Ngabèi Sastrasudarma.

5. Bale Pustaka: Radèn Kamil.

6. P. G. H. B: Mas Yasawidagda, Mas Andaga Widyakaryasa.

7. Kwiksêkulbon: Mas Jayasugita, Radèn Brata Arjiya.

8. P. G. B: Radèn Sutarman, Mas Tôndhadisastra.

9. Radyapustaka: Radèn Ngabèi Suradipura, Mas Ngabèi Prajapustaka, Mas Prawiraatmaja. Pakêmpalan guru-guru saking normalsêkul botên ngintunakên wêwakil.

Pakêmpalan ingkang ngintunakên wakil dados tamu: 1. Nitisastra ing Samarang, 2. Kridhabasa ing Prambanan, 3. Garapbon ing Surakarta, 4. Pakêmpalan Guru Kristên ing Ngayogyakarta, 5.6. Kridhasastra sarta Mardibasa sami ing Madiun, 7. Mardibasa Ngayogyakarta.

Tamu sanès-sanèsipun ingkang dhatêng kirang langkung 180.

Jam 9 pakêmpalan katapukakên, pangarsa ambagèkakên wilujêng dhatêng ingkang sami dhatêng ing parêpatan, sarta [sar...]

--- 260 ---

[...ta] nglairakên gênging panuwun tuwin bingahipun, dene kathah ingkang sami marlokakên dhatêng, mratandhani badhe ajêngipun basa Jawi. Pakêmpalan lajêng kabikak.

Sadèrèngipun anglajêngakên ngrêmbag cikalan agendha parêpatan ingkang sampun inggih punika: aksara murda, aksara swara, aksara rekan, sarta ôngka Jawi, parêpatan matitisakên ewah-ewahan sarta kêkiranganipun putus-putusan ingkang sampun.

1. Usul Kwiksêkulbon.

Putusan ôngka 19 na mungêl: têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg, kasêrat ngangge pêpêt. Punika gèsèh kalihan nyatanipun, wontên sawatawis ingkang botên kenging kasêrat ngangge pêpêt, kados ta: tamtama, sangsaya.

Parêpatan ngewahi putusan wau, dados mungêl têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg aksara irung, manawi swaranipun ngangge pêpêt inggih kêdah kasêrat ngangge pêpêt.

2. Usul Radyapustaka.

Putusan ôngka 19 ca mungêl: panganggenipun layar, pêpêt kanthi layar sarta kêrêt dumunung wanda kaping kalih saking wingking, nglastantunakên wêwaton ingkang sampun wontên, punika kamanah dèrèng sakeca. Ing basa Jawi [...]Huruf Jawa yang dipakai: sandangan pêpêt dan layar. ingkang dumunung sangajênging wanda wêkasan botên wontên, lêrêsipun prê (kêrêt) pasaksènipun wanda ingkang pancèn ngangge layar, pakêcapanipun dados cakran (kêrêt) kados ta: bèrtunbêrtun.

pakêcapanipun brètun,brêtun. kartu - krêtu.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon: mratelakakên pasaksèn ingkang ngosokwangsul Radyapustaka, kados ta: pradata, ing pakêcapan bêrdata.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta rujuk lastantunipun putusan lami, inggih punika manasuka, amargi yèn dipun wontêni pathokan, mêksa kirang

--- 261 ---

srêg, kamanah kêkathahên ingkang nyêbal: warta, sarta, kursi, warsa, sasaminipun. Wêwaton ingkang kêkathahên ingkang nyêbal, lajêng botên nama wêwaton.

Pakêmpalan Nitisastra ing Samarang sarta wakil Bale Pustaka mrayogèkakên kêdah wontên wêwatonipun, supados botên damêl bingung.

Radyapustaka: mêwahi katrangan usulipun ingkang sampun cêtha ngangge layar: sarta, warta, botên karêmbag, kêdah ngangge [...],Huruf Jawa yang dipakai: tanda kêrêt. punika ingkang dèrèng cêtha.

Pangarsa mrayogèkakên katêtêpakên kados usulipun Radyapustaka, inggih punika ngangge kêrêt, namung manawi dèrèng wontên katranganipun ingkang cêtha, kasarahakên ingkang nyêrat.

Pinanggihing rêmbag ingkang rujuk dhatêng Radyapustaka 8, blangkeblangko. 1

Putusan: wanda sangajêngipun wanda wêkasan punika botên sagêd ngangge pêpêt layar, ngangge layar utawi kêrêt. Dene panganggenipun layar punika ngêmungakên ing têmbung-têmbung ingkang sampun cêtha ngangge layar.

Mas Wadana Dwijasewaya mratelakakên urutipun ingkang badhe karêmbag miturut putusan purprêgadêring malêm Ngahad, rêmbag-rêmbag susulan saking usulipun kumisi ingkang golongan pangrimbag 16, lajêng kakêmpalakên dados 9 bab.

I. Panyêratipun têmbung: karuwan lajêng dados karuhane punapa karuwane, panunggilanipun.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon, kasêrat ngangge wignyan, darajatipun [...]Huruf Jawa yang dipakai: sandangan wignyan. wau sami kalihan sêsigêg ka, ing panambang ake: karuhane (malah wangsul dhatêng lêrêsing lingga) - pakehane, lembehana, (miturut pakêcapan).

Kajawi punika: pakehhana, lembehhana, punika aslinipun ing têmbung Malayu: pakai, lambai, swaranipun wanda wêkasan ai, ing pakêcapan Jawi dados wignyan.

Radyapustaka: ngèngêti dhatêng ingkang karêmbag: karuwan- [karu...]

--- 262 ---

[...wan-] karuwanne - lembeyan - lembeyanna, dene ai dados nêdha swara wignyan, pamanggihipun botên makatên, pancènipun namung dados taling.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: ngèngêti dhêdhasaripun wêwaton ingkang kangge ngewahi kasusastran punika. Miturut pakêcapan sarta wêwaton kasusastran, têmbung-têmbung wau awratipun pakêcapan, mila nyondhongi usulipun Kwiksêkulbon.

Pinanggihing rêmbag, ingkang condhong dhatêng pakêcapan 6, dhatêng lingga 3.

Putusan: panyêratipun têmbung-têmbung ingkang kapratelakakên ing nginggil, miturut pakêcapan inggih punika ngangge wignyan.

II. Têmbung ingkang apurwa a, ra, wa, la, ya, wontên sawingkingipun ing utawa atêratêr pi.

Parêpatan ngewahi sarèhning ingkang angsal atêr-atêr pi, ingkang dados rêmbag ngêmungakên apurwa a, punika rêmbag piyambak, sapunika namung ngrêmbag ing.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon: wujudipun têmbung-têmbung wau panyêratipun sapunika.

Ing ngatase, ing ngarêp (sami purwa a), ing ngriku (purwa ra), purwanipun ewah nga: ing alas, purwanipun lastantun a warni kalih punika kamanah dèrèng sakeca, sagêda warni satunggal ing, punika aslinipun kala kina i kalihan [...],Huruf Jawa yang dipakai: sandangan cêcak. awit saking punika pamanggihipun manawi kawêtahakên ing, purwanipun lastantun kados ta: ing alas, ing riku, ing arêp, dene manawi ewah nga, ing kasêrat i, dados: ing ngalas, ing ngriku.

Radyapustaka: ing [...]Huruf Jawa yang dipakai: sandangan cêcak. ingkang kapratelakakên cara kina sapunika sampun botên kangge, kala kina ingka sapunika ingkang, ngèngêtakên ingkang wongsal-wangsul kapratelakakên sadaya wêwaton punika masthi wontên ingkang nyêbal, mangsuli rêmbag nginggil, panyêratipun purwaning lingga wau wêtah: ing alas, ing omah sasaminipun - ingkang nyêbal: ing ngajêng, ing ngriku, ing ngêndi sasaminipun.

--- 263 ---

Radèn Martaatmaja: mêwahi katrangan usul Radyapustaka, manawi ingkang wontên sawingkingipun ing têmbung aran, kasêrat wêtah, ewah dados nga, manawi mratelakakên prênah kados ta: ing ngisor, ing ngarêp, ing ngrika.

Pinanggihing rêmbag ingkang condhong dhatêng usul Radyapustaka: 6, dhatêng Kwiksêkulbon: 3.

Putusan: têmbung ingkang purwa a, ra, bilih wontên sawingkingipun ing botên ewah, ingkang nyêbal saking wêwaton wau ewah dados nga, têmbung- têmbung: ing ngandhap, ing ngisor, nginggil,ing nginggil. ing ngajêng, ing ngarêp, ing ngêndi, ing ngriku.

III. Têmbung ingkang purwanipun a kaatêr-atêran pi, ewah dados ya, punapa lastantun a.

P. G. H. B.: pamanggihipun katurutakên lingga.

Radyaputsaka: cocog katurutakên lingga, lastantun a, nanging ugi ngèngêti ingkang nyêbal, inggih punika ingkang lingganipun sampun samar.

Kwiksêkulbon: namung milih satunggal, manut kasusastran punapa pakêcapan.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya: kasusastran punika masthi wontên nyêbalipun, cacak kasusastranipun basa ingkang sampun dados, mêksa botên sagêd turut, wontên ingkang nyêbal. Para guru agêng botên sagêd ngudhari sababipun nyêbal wau, nanging manawi nurutakên tuju anggampilakên, condhong dhatêng pamanggihipun Kwiksêkulbon.

Putusan parentah karaton Ngayogyakarta: blangko anggèning balangkubalangko. wau sabab pamathokipun angèl, pamanggihipun têmbung ingkang angsal atêr-atêr pi wau, wontên warni tiga, ingkang lingganipun cêtha (piyambak, ngangge ya), ingkang têngah-têngah (piyagêm, ngangge ya utawi ha).

Kwiksêkulbon: usul atêr-atêr pi kawêwahan pri, sami wêwatakanipun kados ta: priyôngga, priyagung.

Pinanggihing rêmbag, ingkang ngèngêti dhatêng lingga nanging ngèngêti dhatêng nyêbal 4, ingkang mêtahakên ha: 4, ingkang blangko 1.

--- 264 ---

Sarèhning pinanggihing rêmbag sami kathahipun, utusan parentah karaton Ngayogyakarta ingkang waunipun balangko, mikawoni tumut ingkang rumiyin, dados cacahing sêteman 5.4.

Putusan, têmbung: piyagêm, piala, sasaminipun, inggih punika ingkang aslinipun apurwa a, angsal atêr-atêr pi, manawi lingganipun taksih cêtha sangêt, purwanipun kasêrat: a, dene manawi sampun kirang cêtha ngangge: ya.

IV. Panyêratipun kriya wacaka, sarta karana wacaka: panyêkêl, panêpèn sasaminipun, ngangge sigêg na punapa botên.

Bab punika botên karêmbag panjang, lajêng kaputusan.

Têmbung kriya wacaka sarta karana wacaka panyêratipun katurutakên akalihan tandukipun, dados botên kasigêgakên na.

V. Têmbung: raharja, prahara, grahana, sasaminipun, kasêrat ngangge wignya punapa botên.

Kwiksêkulbon: raharja, rahayu, rahadèn, sami kasêrat tanpa wignya, amargi ra wau atêr-atêr.

Radyapustaka, sampun matitisakên ing bausastra Rurdha, ngangge wignya utawi botên sami lêrêsipun.

Pinanggihing pangrêmbag sadaya condhong tanpa wignyan.

Putusan: panyêratipun têmbung raharja, prahara, grahana, sasaminipun tanpa wignyan.

VI. Panyêratipun: tossan, lessan, sasaminipun, ngangge pasangan sa punapa botên.

Pangrêmbag.

P. G. H. B.: ngèngêti dhatêng lingga, kasêrat ngangge pasangan sa.

Parêpatan condhong dhatêng P. G. H. B.

Putusan panyêratipun têmbung: tossan, lessan, rossan, sasaminipun, ngèngêti dhatêng lingga, dados ngangge pasangan sa.

--- 265 ---

VII. Panyêratipun têmbung: donya kalihan sonya kadospundi, ngangge suku punapa taling tarung, sigêg na punapa botên.

Pangrêmbag.

Radyapustaka, ngèngêtakên lingga botên kasêrat rangkêp, amila ing ngriki namung kantun nimbang ngangge suku punapa taling tarung.

P. G. H. B. milih ngangge suku, karuntutakên kalihan têmbung Malayu = dunia, sunya.

Radyapustaka: botên nyondhongi pamanggihipun P. G. H. B., ingkang kangge waton pakêcapanipun piyambak sapunika: donya, sonya, sami ngangge taling tarung, nanging lajêng kathah panunggilanipun milu, kliru, sapunika: mèlu, klèru. Mila pamanggihipun sami kengingipun.

Utusan parentah kadipatèn Mangkunagaran: ambedakakên manawi atêgês amal, kasêrat: dunya ngangge suku.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta, prakawis têmbung milu kalihan mèlu, pancèn sami wontênipun, sarêng donya kalihan dunya, botên ing pundi-pundi donya.

Pinanggihing rêmbag: ngangge suku 1, taling tarung 8.

Putusan: panyêratipun donya, sonya, sami ngangge taling tarung.

VII.VIII. Panyêratipun padamêlan punapa pandamêlan.

Mas Wadana Dwijasewaya apratela punika pancènipun botên kalêbêt tataning panyêrat.

Pangarsa ngiyatakên rêmbag ing nginggil.

Wasana usul wau botên kalajêngakên.

IX. Ngawontênakên pasangan lêHuruf Jawa yang dipakai: aksara nga lêlêt. punapa lê.Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipêpêt.

--- 266 ---

Parêpatan mrayogèkakên kasarêng ngrêmbag aksara swara (mirsanana rêmbag ing agendha ôngka II).

X. Gêmbung [...]Huruf Jawa yang dipakai: pasangan aksara wa. dados panyingan,panjingan. samôngsa dados pasangan ing ngandhap.

Pangrêmbag.

Radyapustaka: ing Paramasastra Rônggawarsitan, gêmbung punika kagolong sandhangan suku, amila pasangan ka, ta, ya, kadunungan gêmbung wangsul dados aksara, saminipun angsal suku, cakra, kêrêt pengkal, nanging pasangan da manawi angsal sandhangan sakawan punika botên ewah, sarêng angsal gêmbung wangsul dados aksara, kapatitisakên mêndhêt pasaksèn sêrat kina inggih punika Ramayana botên makatên, lêstantun pasangan, panunggilanipun pasangan ja kalihan ma. Awit saking punika, pamanggihipun panjingan wa (gêmbung) dene sandhangan lugu pasangan, saminipun panjingan la, mila manawi ingkang dipun panjingi wau kasêrat dados pasangan ing ngandhap badhe tumpuk tiga. Miturut katrangan-katrangan wau, Radyapustaka pamanggihipun sigêgan kêdah kapangku, kados ta: tangan kwaga, rimbag dwipurwa, saminipun jamblang.

Parêpatan condhong dhatêng usul Radyapustaka.

Putusan: wanda ingkang kapanjingan gêmbung, manawi kalêrês dados pasangan ing ngandhap, sêsigêgipun ngajêng kapangku.

Dumugi samantên rampung pangrêmbagipun susulan ingkang magêpokan pangrimbag. Susulan sanèsipun: pada Walandi, ôngka Rum sarta Latin kangge urut-urutan, aksara Jawi kasêrat sêsarêngan aksara Walandi, punapadene ôngka 2 kagekangge. sakalihan sarta nyêkak dwilingga, sami badhe karêmbag kantun, sasampunipun ngrêmbag cikalan agendha.

Cikalan rêmbag miturut agendha rumiyin.

--- 267 ---

I. Aksara Murda

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon: ngambali mratelakakên tuju ngewahi panyêrat punika ingkang prêlu ngupados gampil, nanging ugi ngèngêti dhatêng sabab-sabab. Aksara murda asli saking Hindhu, pakêcapanipun beda sangêt kalihan pakêcapan sapunika.

Mênggah kanggenipun aksara murda ing sasumêrêpipun sapunika wontên tigang warni.

1. Kangge nyêrati têmbung-têmbung Sangskrita ingkang kalugokakên.

2. Nulat bôngsa Eropa, kangge nyêrati têmbung aran, eigennaam.

3. Tataprunggu.

Pamanggihipun.

Ôngka satunggal, nglugokakên nyêrat cara Sangskrita, pamanahipun tiyang Jawi sampun botên sagêd, kados ta: puSpa, Buta. Panyêratipun: kaNthi, sasaminipun namung niru cara Sangskrita, tur botên sêmbada. Awit saking punika, pamrayoginipunprayoginipun. aksara murda sampun botên pêrlu kaangge.

Ingkang kaping kalih: kangge nyilahakên têmbung aran (eigennaam) niru cara Walandi, punika nyulayani anggènipun aksara murda wontên ingkang lacut anggèning niru wau, kangge wontên ing purwaning adêg-adêg, kados ta:

Nuwun wiyosipun.

Panulad ingkang kados makatên punika Kwiksêkulbon manah botên prayogi.

Ingkang kaping tiga: kangge ing tataprunggu, Kwiksêkulbon rumaos taksih pakèwêd anggèning nindakakên, tumrap ing sêrat ibêr punika kamanah sampun gampil, bilih wontên ing sêrat karangan-karangan, babad, rumaos tidha-tidha, kados ta: prabu kancil, kasêrat ngangge murda punapa botên. Wontên malih ingkang kamanah pakèwêd, nyêrat babad manawi wontên ingkang pangkatipun pantês ingaosan, upami panjênênganipun ratu, nanging tindakipun siya sangêt, ngantos dados kasêngitaning tiyang, punika asmanipun kasêrat murda punapa botên.

Awit saking wontên pakèwêdipun tigang prakawis wau, Kwiksêkulbon mrayogèkakên dhatêng icalipun aksara murda.

RadapustakaRadyapustaka. anggêlarakên pamanggih:

--- 268 ---

1. Aksara Jawi punika kala kina wangunipun botên kados sapunika, ewah-ewahing wangunipun aksara Jawi wau kawrat ing tabêl karanganipun tuwan Oltê. Miturut tabêl, salêbêtipun taun 900 dumugi taun 1600 sampun katingal kathah sangêt.

2. Miturut cariyos Jawi ingkang damêl aksara Jawi: Ajisaka, salajêngipun ajêjuluk Prabu Widayaka, Ajisaka punika lêrêsipun Asoka, ratu ing tanah Hindhu. Widayaka têmbung Kawi, têgêsipun pujôngga.

3. Urutipun carakan Jawi punika gèsèh sangêt kalihan aksara Sangskrita, saya manawi nimbali wujudipun aksara murda Na, punika gèsèh kalihan sakawit.

Sabab-sabab tigang prakawis wau, nuwuhakên pamanggihipun Radyapustaka, aksara Jawi dalah aksaranipun murda punika kenging kaanggêp anggitan Jawi, inggih punika pujôngga Jawi.

Panganggenipun aksara murda wontên ing tataprunggu, Radyapustaka botên urun pamanggih.

Radyapustaka ngèngêtakên dhatêng parêpatan, miturut putusan ingkang sampun, kumisi taksih nganggêp dhatêng warganing aksara. Sarèhning taksih wontên ingkang nganggêp aksara murda wontên ingkang kagolong warganing carakan, pamanahipun punika ugi kêdah kalastantunakên, kados ta: karNa, karSa, maSjid.

Pangarsa: anggèning ngrêmbag aksara murda punika prayogi kabage kêkalih,kalih. 1. Babagan panyêrat (sepelling), 2. Bab Tataprunggu.

Kwiksêkulbon: botên anyondhongi pamrayogi ing nginggil, pangrêmbagipun kêdah dados satunggal.

Putusan parentah karaton Ngayogyakarta (Mas Wadana Dwijasewaya): aksara murda nitik sakawit nama mahaprana punika pancèn swaranipun ing ngajêng inggih gèsèh na (untu) kalihan Na (ilat), pancènipun kêdah kabeda. Sapunika panganggenipun aksara murda punika sampun kabêsut-bêsut, utawi namung niru-niru. Awit saking punika manawi kasalêsihakên sabab-sababipun, Mas Wadana Dwijasewaya piyambak condhong dhatêng rêmbagipun Kwiksêkulbon, nanging icalipun aksara murda kangge ing tataprunggu, taksih kathah ingkang ngowêl, dening gêgayutan kalihan [kaliha...]

--- 269 ---

[...n] tatakrama. Sarèhning anggèning dados kumisi nama ngêmbat swaraning akathah, amila icalipun tataprunggu kapêksa botên nyondhongi, wasana nêrangakên panganggenipun tataprunggu.

1. Anggèning matrapakên ngèngêti satunggal kalihan satunggalipun.

2. Ingkang tumrap ing babad cariyos, sêrat sêbaran, ngèngêti dhatêng ingkang pantês nampèni pakurmataning akathah.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya: condhong icalipun, gêgandhengan kalihan indhak-indhake sêsêrêpanipun bôngsa Jawi ngangsu kawruh ngamônca, wontên kalanipun prêlu ngangge aksara murda ingkang cocog swaranipun. Awit saking punika, punapa botên eman dhatêng sirnanipun babar pisan aksara murda wau.

Kwiksêkul: aksara murda kasirnakakên babar pisan punika botên namung dipun kaperingakên kemawon.

Mas Ngabèi Parikrangkungan: wontên ing sêratan Jawi condhong Kwiksêkulbon, icalipun wau lajêng kagolongakên aksara rekan, kangge nyêrati têmbung Arab. Ing sapunika Muhammadiyah bagean taman pustaka sawêg nganggit aksara rekan kangge anjangkêpi samôngsa nyêrati têmbung Arab.

Mas Wignyadisastra: nimbang putusan ingkang sampun taksih ngajêngi sigêg nya, sêmunipun sapunika sabagean agêng botên ngajêngi sigêg Na, punika èwêd raosing manahipun, saking panimbangipun murih murid sagêd gampil anggèning nampèni, kabucal sadaya.

Mas Ngabèi Prajapustaka: icalipun tataprunggu kamanah agêng pakèwêdipun, kados ta nyêrati asma dalêm.

Kwiksêkul: nusuli usulipun, wontên ingkang katêdha lastantun, pasangan sa puspa [...],Huruf Jawa yang dipakai: pasangan aksara sa. sa pasuti dipun kaperingakên.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: suka katrangan [katranga...]

--- 270 ---

[...n] dhatêng Wignyadisastran, kônyca taksih lastantun sigêg nya, jalaran raosing sigêg nya wau taksih cêtha, dados botên kenging kabelakakên, wangsul: kôndha, sêsigêgipun sampun botên kados na ilat (murda).

Pinanggihing pangrêmbag.

Ha. Aksara murda wontên ing sêsêratan.

Ingkang nglastantunakên: 2, ingkang botên ngangge: 7.

Putusan: aksara murda ingkang kangge ing sêsêratan (spelling) ical.

Na. Aksara murda kangge ing tataprunggu.

Ingkang nglastantunakên: 5, ingkang botên ngangge: 4.

Putusan: aksara murda taksih kangge ing tataprunggu.

Kwiksêkulbon: nêdha katrangan kadospundi patrapipun nêrangakên pamatês sarta panganggenipun tataprunggu kangge wontên pamulangan.

Pangarsa: manawi sagêd pancèn prayogi kawatês, saya ingkang kangge ing akathah punika kêdah wontên watêsipun.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: mratelakakên rakaosing pamatês.

Pinanggihing rêmbag: ingkang condhong karêmbag watêsipun: 3, ingkang botên: 6.

Putusan: watêsipun ingkang kêdah ngangge tataprunggu botên karêmbag.

II. Aksara Swara.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon: mrayogèkakên icalipun rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. lê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga lêlêt. santun rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara ra dipêpêt. lê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipêpêt. dene aksara swara sanèsipun: A, I, E, U, O lastantun.

P. G. H. B.: nêdha icalipun sadaya.

Pinanggihing rêmbag: ingkang nglastantunakên: 7, ical sadaya: 1, namung ngicali rê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. lê:Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga lêlêt. 1 tumrap pasangan.

Putusan: aksara swara 7 pisan kalastantunakên wontênipun [wontê...]

--- 271 ---

[...nipun] sadaya.

Kwiksêkulbon: IHuruf Jawa yang dipakai: aksara ba dicêrêt. sarta rêHuruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. manawi kalêrês kangge ing tataprunggu, dipun santuni Ba sarta Pa, punapa botên I punika kala kinanipun [...]Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga dicêrêt.

Pinanggihing rêmbag: parêpatan botên ngajêngi ewahipun I sarta rê, kangge ing tataprunggu dados Ba sarta Pa.

Putusan: I sarta rê kangge ing tataprunggu botên kaewahan.

Panganggenipun aksara swara kadospundi.

P. G. H. B.: panganggenipun aksara swara lastantun kados lami.

Kwiksêkulbon: kajawi rê, lê, aksara swara kangge nyêrati basa mônca, manawi badhe kacêthakakên.

Pinanggihing rêmbag: parêpatan condhong pamanggihipun Kwiksêkulbon.

Putusan: kajawi rê kalihan lê, aksara swara kangge nyêrati têmbung-têmbung mônca. Manawi ngangkah murih cêthanipun.

Ngrêmbag susulan ing ngajêng ôngka IX.

Huruf Jawa yang dipakai: aksara nga lêlêt. tumrap kaangge pasangan lêHuruf Jawa yang dipakai: aksara nga lêlêt. (lêstantun wujudipun) punapa lê,Huruf Jawa yang dipakai: aksara la dipêpêt. wangsul dados pasangan la kapêpêt.

Pinanggihing rêmbag: ingkang lêstantun wujud lê: 1, ingkang dados pasangan la kapêpêt: 8.

Putusan lê, manawi kalêrês dados pasangan, dados pasangan la kapêpêt.

Radyapustaka: aksara swara: E, O, U, manawi kalêrês dados pasangan, pamanggihipun sêsigêgipun kêdah kapangku, runtut akalihan putusan ingkang sampun.

Kwiksêkulbon: mêwahi: A, I, manawi dados pasangan kabelakakên kados pamanggih Radyapustaka.

Pinanggihing rêmbag: parêpatan condhong dhatêng pamanggih warni kalih ing nginggil.

Putusan: aksara swara: A, I, E, O, U, sami botên wênang dados pasangan, dene sêsigêgipun ing ngajêng

--- 272 ---

kapangku, ingkang wênang namung rêHuruf Jawa yang dipakai: aksara pa dicêrêt. dados [...]Huruf Jawa yang dipakai: pasangan aksara pa dikêrêt.

III. Aksara Rekan

Pangrêmbag.

P.G.H.B: aksara rekan punika kangge mêwahi aksara Jawi, supados nyêkapi manawi kangge nyêrati têmbung-têmbung Arab, nanging anggèning mêwahi botên sêmbada, taksih kathah kêkiranganipun. Awit saking punika mrayogèkakên icalipun aksara rekan.

Kwiksêkulbon: têmbung-têmbung ingkang sampun kalimrah kangge ing basa Jawi punika botên parlu ngangge aksara rekan, nanging dhatêng icalipun aksara rekan botên rujuk, wontên kalamasanipun kaangge manawi badhe nyêthakakên pakêcapanipun têmbung mônca.

Parêpatan condhong dhatêng pamanggih Kwiksêkulbon.

Putusan: aksara rekan kalastantunakên kangge nyêrati têmbung-têmbung mônca, manawi sumêdya kacêthakakên.

Radèn Ngabèi Suradipura: aksara rekan ingkang dados pasangan ing ngandhap, kadospundi anggèning andèkèkakên cêcakipun, wontên ing pundi.

Mas Prawiraatmaja: supados cêtha sampun ngantos kapisah, dados kadèkèkakên sanginggil pasangan, sangandhap sêsigêg.

Prakawis punika dados rêmbag sawatawis, tur wêwah usul malih, supados katingal pilahipun akalihan sêsigêg ingkang dipun pasangi, sarta manawi angsal sandhangan ingkang wontên ing nginggil.

Wasana putusanipun: aksara rekan ingkang pasanganipun wontên ngandhap aksara, cêkakipuncêcakipun. tiga wontên nginggil sêsigêg, manawi sarêng kalihan sandhangan ingkang wontên nginggil, cêcakipun tiga wontên ngajêng sandhangan. Dene pilahipun akalihan sêsigêg ingkang dipun pasangi, murih cêthanipun kasarahakên dhatêng ingkang nyêrat.

--- 273 ---

IV. Ôngka Jawi

Pangrêmbag.

Radyapustaka: ôngka Jawi sapunika sampun botên patos kangge, langkung malih tumrap kangge etang-etang rakaos, jalaran karowan, sarta kawon parigêl katandhing kalihan ôngka Walandi. Mila pamrayoginipun, ôngka Jawi dipun kaperingakên, panganggenipun kalamôngsa manawi kangge urut-urutan kados ôngka Rum.

P.G.H.B.: ôngka Jawi lastantun panganggenipun kados sapunika, botên parlu dipun icali.

Putusan: ôngka Jawi kalastantunakên wontênipun, panganggenipun kados sapunika.

Mas Prawiraaatmaja: niti tabêl aksara damêlanipun tuwan Oltê, ôngka Jawi kina punika wujudipun plêk ôngka Walandi, wontêna gèsèhipun namung sakêdhik, awit saking punika, ôngka Walandi kenging kawastanan dados ôngka Jawi, mila usul panyêratipun ôngka Walandi manawi sarêng aksara Jawi, kasêrat jèjèr, dados wontên ngandhap garis.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta mratelakakên prayogi kawastanan ôngka kemawon, dene asalipun ôngka Walandi saking ôngka Arab, pêpêthan pasagi akalihan dhiagonalipun kalih pisan.

Prakawis punika kasarèhakên, badhe karêmbag sarêng kalihan aksara Latin, kasêrat sarêng kalihan aksara Jawi.

Rêmbag Susulan.

I. Pada Walandi

Pangrêmbag.

Sapunika kalimrah ing sêratan Jawi ngangge tôndha pitakèn Walandi? Miturut Paramasastra Rônggawarsitan, Jawi piyambak gadhah, panunggilanipun malih = malya = p. s. Saking pamrayoginipun, pada-pada wau kêdah kagêsangakên.

Radyapustaka: mêwahi: layu, punika damêl cêthanipun ukara.

--- 274 ---

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: dhatêng ancasipun rêmbag condhong, namung pangrêmbagipun kapratelakakên dipun pasrahakên dhatêng panging kumisi.

Parêpatan condhong dhatêng pirêmbag utusan parentah karaton Ngayogyakarta.

Putusan: pangrêmbagipun pada Walandi kalihan Jawi wau kapasrahakên dhatêng panging kumisi.

Pangarsa ing sasampunipun mutus bab ing nginggil punika, parêpatan punapa botên ngancêr-ancêri dhatêng panging kumisi kadospundi pangrêmbagipun bab punika.

Utusan karaton Ngayogyakarta: ingkang kagêsangakên punika pada Jawi ingkang wontên prêlunipun sarta botên makèwêdi, tôndha Walandi salong kasambut, manawi kamanah prêlu ngangge, môngka tôndha Jawi botên wontên.

Kwiksêkulbon: tôndha Walandi ingkang ing cara Jawi botên wontên, kêdah botên dipun angge.

Pinanggihing rêmbag:No. 1. parêpatan nyondhongi dhatêng usul utusan parentah karaton Ngayogyakarta.

2. Usul Kwiksêkulbon: ingkang kangge nyambut tôndha Walandi.

3. Ingkang botên mawi nyambut 6.

Putusan: pada Jawi kina ingkang sapunika botên limrah kangge, kagêsangakên, kapilihan ingkang pancèn wontên prêlunipun sarta botên makèwêdi, dene tôndha-tôndha Walandi botên kaangge wontên ing sêratan Jawi.

II. Ôngka Rum sarta Latin kangge urut-urutan.

Pangrêmbag.

P.G.H.B.: mrayogèkakên lastantunipun sami kenging tumrap wontên sêsêratan Jawi, bokmanawi wontên prêlunipun.

Kwiksêkulbon: kalih pisan kamanah botên kaangge, prayogi ngangge Jawi.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: ôngka Rum lastantun kenging kaangge, aksara Latin kasantunan aksara [a...]

--- 275 ---

[...ksara] Jawi.

Parêpatan condhong pamanggih utusan parentah karaton Ngayogyakarta.

Putusan: sêratan Jawi lastantun kenging ngangge ôngka Rum, aksara Latin kaangge urut-urutan botên kenging, kêdah ngangge aksara Jawi.

III. Aksara Jawi kasêrat awor aksara Latin.

Pangrêmbag.

Kwiksêkulbon: aksara Jawi samasa kasêrat awor aksara Latin, kajèjèr, mêndhêt pasaksèn Bausastra Rurdha, sêratanipun jèjèr, panyêratipun wontên nginggil sadaya punapa ngandhap garis sadaya, kasarahakên dhatêng parêpatan.

Utusan parentah karaton Ngayogyakarta: manawi botên kasêrat jèjèr gunggangipun garisan wiyar, dadosipun ngrowan-ngrowani, têmahan murugakên awising rêginipun sêrat-sêrat.

Parêpatan condhong dhatêng usul Kwiksêkulbon: kajèjèr, kawêwahan katrangan wontên ngandhap garis.

Putusan: aksara Jawi kasêrat awor aksara Latin kêdah jèjèr, wontên ngandhap garis sadaya.

IV. Ôngka kalih, kangge nyêkak Dwilingga sarta sakaliyan.

Botên ngangge karêmbag panjang, parêpatan botên angajêngi gagrag makatên punika.

Putusan: têmbung-têmbung dwilingga sarta sakalihan, botên kenging kacêkak ngangge ôngka 2.

V. Panyêratipun Kwiksêkul.

Parêpatan condhong wangsulanipun pangarsa, panyêratipun têmbung wau kasarahakên.

Putusan: panyêratipun Kwiksêkul kasarahakên dhatêng ingkang nyêrat.

--- 276 ---

VI. Manah lastantunipun aksara Jawi, sampun ngantos ical.

Kwiksêkulbon mratelakakên ngalamat-ngalamat badhe icalipun aksara Jawi, gadhah pamurih kumisi

sapunika manah lastantunipun aksara Jawi wau.

Pangarsa: sampun kaputusan ing purpêgadêring, kumisi botên sagêd nampèni usul wau, dening padamêlanipun sampun rampung, punika sanès ada, nanging pangarsa sagah masrahakên usul wau dhatêng Radyapustaka. Anggèning anggiyarakên ing parêpatan punika, supados kasumêrêpan ing akathah.

Usul-usul saking Jawi.

1. Kridhabasa Prambanan: pasangan nya manawi dipun suku kalihan kacakra (arêp nyruput) panyêratipun Kridhabasa gadhah pamanah kapangku, kadosdene pasangan manawi angsal gêmbung, margi sawanganipun awon.

Kumisi suka katrangan: sababipun têmbung sêsigêgipun kêdah kapangku punika botên saking angonawon. makatên, pamrayogi wau botên katampèn

2. Radèn Martaatmaja: pasangan ca sarta ja punika panyêratipun wontên ingkang kagandhèng, margi wujudipun kirang sae.

Kumisi: prakawis punika namung kasarahakên dhatêng ingkang nyêrat.

3. Kridhabasa Prambanan: pilah-pilahing namanipun têmbung tripurusa botên sami, daksawênèh mastani pratama purusa, sawênèh mastani utama purusa, punika lêrêsipun kadospundi.

Kumisi: kumisi punika namung ngrêmbag panyêrat, usulipun wau paramasastra, awit saking punika kumisi botên nampèni usul punika.

Satêlasipun ingkang karêmbag, pangarsa ngambali panuwun dhatêng kumisi, dhatêng utusan parentah karaton Surakarta sarta Ngayogyakarta, pangarsa canthèl wêling ngunjukakên sêmbah ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, saha ingkang sinuhun kangjêng sultan.

Wanci jam 1.20 parêpatan bibar.

--- 277 ---

36. Sêratipun utusaning paprentahan karaton dalêm ing Surakarta angrêmbag kasusastran Jawi, katur wisesaning Pahêman Radyapustaka.

Kulanuwun, kula sampun anampèni sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, katitimasan kaping

12 April 1923 ôngka 94, kanthi nutilên purpêrgadring kala kaping 29 Dhesèmbêr 1922, sarta nutilên parêpatan kumisi kasusastran kala kaping 30 ugi Dhesèmbêr wau, manawi wontên ingkang kirang tuwin lêpat supados kawêwahan saha kaewahan.

Ingkang punika, nutilên wau sampun kula waos, saking kaèngêtan kula sadaya rêmbag saha karampunganipun kala purpêrgadring sarta parêpatan ing wulan Dhesèmbêr 1922 wau, sampun lêrês.

Wasana mugi andadosakên kauningan saha nyumanggakakên.

Katur tanggal kaping: April 1923.

Nitipraja

Saking kaèngêtan ingkang kasêbut ing nutilên sampun cocoging nglêbêt punika rèngrèng wang-

sulan kula sumôngga, tutupipun kadospundi

Èsmutani

Pamanggih kula tutupipun kados cêkap namung mugi andadosakên kawuningan saha nyumanggakakên nyuwun kapacak saking ngriki pisan, dalancang agêng kasêrat ingkang sae agêng-agêng, bapak nandhanana pisan

Putra Nitipraja20 halaman kosong.