Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Subasita, Padmasusastra, 1914, #208

Katalog:Subasita, Padmasusastra, 1914, #208
Sambung:-

--- [0] ---

Sêrat Subasita

Karanganipun

Ki Padmasusastra

Ngabèi Wirapustaka

ing Surakarta

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama Surakarta

taun 1914.

--- [0] ---

Subasita

--- [0] ---

...

--- [0] ---

Sêrat Subasita

Karanganipun

Ki Padmasusastra

Ngabèi Wirapustaka

ing Surakarta

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama Surakarta

taun 1914.

--- [0] ---

...

--- I ---

Sêrat Subasita

Sêrat Subasita punika kalêmpaking tatakrama Jawi sawatawis campuripun kalihan tatakrama Walandi supados kenging kapirit ingkang taksih pantês kalêstantunakên utawi botên, awit kêncênging tatakramanipun tiyang Jawi kêndho dening pasrawungan kalihan tatakramanipun tiyang Walandi, punika ingkang murba misesa panggêsanganipun têtiyang Jawi, wajib dipun lampahi, sanadyanta krama Jawi kenging idu: kenging dipun risak, botên kenging idu (mênawi wontên ngajêngipun tiyang Wêlandi), sarta taksih kenging idu (mênawi wontên ngajênging bangsanipun piyambak tiyang Jawi), dados dhawah mêjana, ngrisak tatakrama: botên, botên ngrisak inggih botên, makatên sasaminipun, mangangge cara Wêlandi pameran: brêgas, mangangge cara Jawi padintênan botên ngicalakên Jawinipun: mêrak ati, kalih pisan dipun angge, botên manah kathahing prabeya, ingkang dipun manah paidahipun mangangge warni kêkalih, sagêd mangangge warni satunggal, inggih sagêd mangangge warni kalih. Botên sagêd mangangge warni kalih, pancèn botên sagêd mangangge warni satunggal, punika lêpatipun piyambak, junjung bôngsa malih sagêda, junjung awakipun [a...]

--- II ---

[...wakipun] piyambak botên sagêd.

Sampun mêmêla nyariyosakên sakêdhik ing pamêdal, kajèrèng mêksa cingkrang, èngêta pintên-pintên bupati tanah Jawi ingkang pinanggih mlarat, punapa mlarat dening kêkathahên pamêdal, dados kathah kêdhiking pamêdal punika sampun kalêbêt ing takêran pandumipun parentah lambaran adil, botên kenging dipun wor kalihan santun pangangge, kula jugag samantên kemawon atur kula, mênawi wontên ingkang kalintu pamanggih, kula nyuwun pangapuntên.

Sêrat Subasita kula urutakên dêntawyanjananipun, supados gampil pangupadosipun têmbung ingkang badhe dipun sumêrêpi, pintên-pintên kathahipun tatakrama Jawi ingkang dèrèng kapathok, sagêdipun tiyang Jawi ngangge tatakramanipun kalayan lêrês: namung saking blilu tau, nanging patitisipun: dèrèng.

Sêrat Subasita dadosa talêsipun tatakrama Jawi, sambêtipun sarta jangkêpipun kasumanggakakên para sarjana sapêngkêr kula.o.

Surakarta Agustus 1914.

Ki Padmasusastra

Ngabèi Wirapustaka.

--- 1 ---

Untu

Untu sisigan namung dipun kêsik kêkalih, nama pênthulan, botên namung namanipun kemawon pênthulan, dhapuripun inggih kados topèng pênthul, punika tiyang lucu, awakipun kadamêl mainan piyambak, dados inggih kalêbêt ing digsura.

Sarèhning sapunika tiyang Jawi sêsrawunganipun kalihan tiyang Walandi, untunipun sampun kathah ingkang pêthakan, kados prayogi dipun lêstantunakên pêthakan, dene ingkang taksih kaparêng sisig, prayogi cêmêngan lugas, botên kakêsik, langkung malih kakêsik namung kalih, tiyang Walandi anggêgujêng untunipun kadamêl mainan.

Untu mênawi ngantos katingal anggadhul, punika botên namung damêl ênêkipun ingkang ningali, inggih ugi nama digsura. Prayogi sabên kêmu enjing, kasikat.

Antuk

Ngantuk wontên ing pajagongan punika saru, mênawi botên sagêd rêmbagan kalihan rencangipun lênggahan dening ambaliyut, prayogi ambolos§ mantuk jagong botên pamit dhatêng ingkang gadhah damêl. mantuk kemawon: tilêm. [ti...]

--- 2 ---

[...lêm.] Ngantuk ngêntosi wêdaling sêsêgah, sêgah mêdal: lajêng wiwit mêlèk malih, nyamuk-nyamuk nêdha, ragi kêrahabên, mêsakakên nama sampeyan.

Êntut, tai, uyuh

Mênawi rencangipun lênggahan kêprojolan ngêdalakên angin awon, enggal wicantêna punapa-punapa dhatêng rencangipun lênggahan botên manah swara saru punika, punika anyirnakakên kalêpatanipun ingkang damêl swara awon, iba panarimahipun ing batos dhatêng ingkang ngaling-alingi kalingsêmanipun, langkung malih yèn ingkang anglampahi kalêpatan wau têtiyang èstri.

Tiyang mara tamu utawi kêtamuan kabêlêt badhe ambêbucal, punika susah piyambak, botên wontên istiyaripun, kajawi namung prasaja badhe wawratan, nêdha palilah sarta nêdha pangapuntên.

Nanging mênawi tiyang kabêlêt badhe têtoyan, dipun wênangakên nêdha lilah, kula nyuwun pamit badhe toyan sakêdhap, nanging sanadyan dipun wênangakên, sasagêd-sagêd kaangkaha sadèrèngipun lênggahan toyan rumiyin. Sarèhning tatakramanipun tiyang Walandi nguyuh kadamêl wados, botên [bo...]

--- 3 ---

[...tên] wontên Walandi pamitan nguyuh, sêdhêngipun mênawi badhe nguyuh, sampun pamitan.

Aruh-aruh

Tiyang agêng amêng-amêng nênitih utawi tindak dharat kapêthuk tiyang alit ingkang sampun dipun têpangi, kacêcadhang pangandikanipun aruh-aruh, utawi namung karsa nudingi. Mênawi tiyang agêng wau mitambuh: kenging, sarta botên wontên awisanipun, nanging dipun catur.§ têmbung: catur, sampun anggadhahi têgês awon, botên kenging dipun sukani katrangan: awon utawi sae, dicatur ala, dicatur bêcik, punika lêpat, nama mêrangi tatal, sok wontêna têmbung: dicatur, inggih namung dhatêng awon, dados têmbung:dicatur bêcik: lêpa.

Irung zie rai 3e

Ikêt

Tiyang ikêt-ikêtan botên tata, botên pênêr kuncungipun, langkung malih wangun ugal-ugalan, punika digsura.

--- 4 ---

Tiyang katamuan inggil-inggilanipun, botên ikêt-ikêtan punika digsura, sanadyan namung katamuan sêsami-sami, inggih prayogi ikêt-ikêtan.

Mara tamu awit saking dangu utawi sumuk, cucul ikêt punika inggih digsura.

Idu

Idu crat-crut tanpa môngsa, kajawi nyulayani dhatêng kasarasaning badan, inggih nama digsura, awit adamêl gigunipun tiyang, sanadyan ing tatakrama Jawi kawênangakên idu,§ Lamun idu ywa nganan aywa mangarsi, idua mangiwa zie payung jêkrek R. Ms. H. Jayadiningrat I. nanging namung mênawi badhe idu utawi nginang, dhawahing idu ing paidon, dipun alingi ing tangan têngên. Punika kosokwangsul kalihan tatakramanipun tiyang Walandi, botên kenging pisan-pisan idu, mila tiyang Walandi botên sudhiya paidon, mênawi kêpêksa badhe idu wontên pasamuwan, dipun tadhahi ing kacu pêthak, samudana angusapi lambe, sayêktosipun angêdalakên idu. Sêdhêngipun mênawi sêsrawungan Walandi: botên idu.

--- 5 ---

Adêg

Tiyang Walandi manawi karawuhan bôngsa luhur, kurmatipun ngadêg anjêjêr. Punika kosokwangsul kalihan tiyang Jawi, mênawi karawuhan bôngsa luhur, kurmatipun andhodhok, punika botên kenging dipun bêsut, kapêndhêt têngah-têngahipun kêdah lêstantun, kados upaminipun abdi dalêm panèwu mantri karawuhan bêndara kangjêng radèn adipati, botên sagêd mênawi kurmat andhodhok, dados prakawis dhodhok botên sirna sadaya, taksih wontên ingkang dipun kantunakên zie dhodhok.

Atob zie sêga enz. Adêg-adêg 6.

Awu nêcêk awu srutu enz. zie Kinang enz. Adêg-adêg 4.

Iwak zie sêga enz. Adêg-adêg 3.

Alis

Tiyang kêrik alis punika angrikuhi pandêlênge rencangipun jagongan, kêpêksa nyumêrêpi wêwarnèn anèh. Rumaosipun tiyang ingkang rêmên kêrik alis amêwahi saening warni, botên sumêrêp mênawi awakipun dipun damêl mainan piyambak, ngewahi kudratullah.

Mênawi tiyang èstri rêmên kêrikan, nêdahakên èstri balatèr. [ba...]

--- 6 ---

[...latèr.]

Dados tiyang alit kêrik alis, punika kalêbêt ing patrap digsura.

Upil zie rai enz. 3e. Lett. a.

Ujung

Tiyang alit mênawi ngabêkti dhatêng tiyang agêng.

Lampahipun saking pakèndêlan kalêmpakipun ingkang sami badhe ngabêkti: sampun lembehan, tangan kiwa têngên rumakêt sakiwa têngêning wiron sinjang kados dipun cêpêng.

Ngajêngakên dumugi ing èmpèr pandhapa: mundhuk-mundhuk, lajêng andhodhok, nyêmbah minggah ing èmpèr, lajêng sila: nyêmbah.

Silanipun ingkang mêpês, têkukaning suku têngên wontên ngajêng, polokipun kalambaran wironing sinjang, supados pinggiripun sagêd jumèrèng nutupi suku.

Tanganipun ngapurancang, jêmpol kiwa wontên ing jawi. Kapurancang punika kalêmpaking tangan kiwa têngên, darijinipun malêbêt sêlaning dariji.

Ulatipun ingkang tajêm, andhêkukul, kèndêl ngêntosi timbalan.

--- 7 ---

Bilih sampun angsal timbalan kalilan ngabêkti, lajêng nyêmbah badhe lampah bokong, minggah ing kajogan, bokongipun têngên rumiyin, suku kantun lajêng sila, nyêmbah lajêng lampah bokong malih, dumugi ngarsanipun tiyang agêng wau: kèndêl, nyêmbah lajêng majêng namung kalayan kesodan, mênawi kakintên sampun dumugi: kèndêl nyêmbah, lajêng ngabêkti, rampung ngabêkti: mundur sawatawis, kèndêl sakêdhap, nyêmbah andhêkukul, bokmanawi angsal dhawuh punapa-punapa, lajêng mundur kesodan, wangsul dhatêng panggenanipun lami, ngangge dhuwung. Wusana kèndêl sawatawis angsal dhawuh kêlilan mundur, mênawi pamit nyuwun mundur mênggahing tiyang alit dhatêng tiyang agêng: digsura.

Sami-sami prakawis, prakawis ujung punika angèl piyambak ewah-ewahanipun, saupami dipun lêstantunakên kemawon kadospundi, tiyang namung sataun sapisan, kados wontên prayoginipun, wontêna tilasipun anglêluri tatakrama Jawi, sungkêming kawula dhatêng gusti.

Uyuh zie êntut enz. Adêg-adêg 3.

--- 8 ---

Umbêl zie rai enz. Lett. b. en zie wahing.

Angob

Nundhung tamu ingkang botên dipun condhongi cêkap kalihan angob, punika nelakakên sampun aras-arasên manggihi.

Awit saking punika botên kenging pisan-pisan tiyang kêtamuan angob, prasasat tamunipun katundhung alus, môngka salêbêtipun manggihi tamu kêpêksa badhe angob kêdah angon iriban nutupi lambe kalayan tangan, kosokwangsulipun mara tamu angob punika digsura, sampun ngantos makatên.

Nêpsu

Mênawi sawêg kêtamuan sampun nêpsu dhatêng sintên-sintên, mênawi wontên lêpatipun dipun kèndêlakên kemawon, mangke mênawi tamunipun sampun mantuk: kenging dipun srêngêni utawi dipun sêrêpakên kalêpatanipun, mênawi salêbêtipun manggihi tamu: nêpsu, botên nyakecakakên manahing tamu, prasasat dipun tundhung alus, lajêng pamit mantuk, punapa botên kaduwung kinintên nêpsoni dhatêng tamunipun.

--- 9 ---

Mênawi wontên tiyang nêpsu dhatêng anakipun, sampun nimbrung tumut nyrêngêni utawi nutuh, kosokwangsulipun pados alêm, murinani lare ingkang kalêpatan, dipun nganan-nganan, punika ngunggar manahing lare, sisip sêmbiripun sêlingsêrêp kalihan tiyang sêpuhipun.

Cakot zie sêga enz. Adêg-adêg 4.

Cukil kuping zie rai 4e.

Cidra ubaya zie saguh, adêg-adêg 2.

Cuwil zie sêga enz adêg-adêg 4.

Calana zie kathok, adêg-adêg 5.

Calathu

Mênawi wicantên sampun sêru-sêru, punika inggih kalêbêt patrap digsura, botên gadhah wang-wang kalihan rencangipun lênggahan, nanging ingkang nganggit dhasaripun kasar, wiwitanipun lirih: ngèngêti ajar, dangu-dangu sêru, wangsul dhatêng dhasar, punapa [puna...]

--- 10 ---

[...pa] kêkah dhasar kalihan ajar, punapa namung katêtêpakên digsura, kula sumôngga.

Mênawi wicantênan sampun ngantos dipun wori gujêng, punika digsura, gumujêng kêdah angon kosok.

Mênawi wicantênan kalihan tiyang èstri sampun ngandhut wados, kothonging manah: adamêl rakêt pindha sadhèrèk, nanging mênawi ngandhut wados, nama murang tata, botên kenging dipun lajêngakên wicantênan.

Mênawi kawêdal wicantên calêmêdan wontên sangajêngipun tiyang sêpuh, punika digsura, mênawi wontên ngajêngipun tiyang èstri: murang tata, wênang dipun kèn kesah angrêgêdi panggenan.

Mêgat wikalpa tiyang sawêg rêrêmbagan: digsura.

Cêguk

Tiyang cêgukên punika kalêbêt panyakit, botên sagêd kèndêl dipun pêkak, tiyang cêgukên wontên pajagongan, prayogi kesah ngiwa sakêdhap, mantunakên cêgukipun, mênawi botên sagêd mantun, prayogi mantuk, kajawi saru adamêl susahipun ingkang mirêngakên.

Tandhanipun yèn cêguk punika kalêbêt panyakit. Mas [Ma...]

--- 11 ---

[...s] Ngabèi Atmasutarta dhongkol gadhah panyakit cêguk, sabên mêlèk tansah cêgukên, mantun-mantun manawi tilêm, tangi tilêm cêgukên malih, makatên salajêngipun.

Cathok zie timang

Rai, mata, kuping, irung

Mênawi wontên pajagongan

1e. Rai

Mênawi rai anglisah dening wêdaling karingêt sampun dipun usapi tangan, saru dinulu sarta adamêl jijiningjijiking. manah, prayogi dipun usapi kalayan kacu.

2e. Mata

Sampun angrêsiki suluhaning mripat dening karaos angganjêl wontên balobokipun, namung kalayan dariji tangan, angênêk-ênêki manah, prayogi mawi kacu.

3e. Irung

a. Sampun uthik-uthik upil namung kalayan dariji tangan, adamêl giguning manah, prayogi mawi kacu.

b. Mênawi panuju pilêg sampun sêntêlap-sêntêlup, adamêl munêg-munêging manah, umbêl prayogi dipun sisèkakên [sisè...]

--- 12 ---

[...kakên] katadhahan ing kacu pêthak, swaranipun kagêtêrakên sarêng lan wêdaling angin, anirua tiyang Walandi: sisi.

4e. Kuping

Sampun cukil-cukil kuping angrêsiki curak, kajawi digsura, pamêndhêting curak kalèlètakên ing kacu adamêl umoring manah.

Rèk zie kinang adêg-adêg 4.

Rokok zie kinang adêg-adêg 2.

Kinang rokok

Mênawi jagongan kalihan bôngsa: badhe nginang, anêdhaa lilah rumiyin, nanging mênawi sagêd nahanakên raosing kêcut, prayogi kasarèhakên botên nginang kemawon, awit tiyang nginang dipun ênêki ing liyan bôngsa.

Tiyang mara tamu sampun udud rokokipun piyambak, angêntosana wêdaling pisêgahe ingkang dipun para tamoni.

Dene ingkang dipun para tamoni, mênawi nyêgah srutu saking slêpènipun, utawi saking wadhah sanèsipun, kapilihna [kapi...]

--- 13 ---

[...lihna] ingkang sae, lajêng kaododakên sawatawis, supados gampila pamêndhêtipun sarta lajêng dipun rèkakên pisan, mênawi slêpènipun isi srutu kalihan sigarèt, sampun pisan-pisan nyêgahakên sigarètipun, punika ngrèmèhakên kaluhuraning tamu, kajawi mênawi tamunipun piyambak ingkang mêndhêt, punika kenging, nanging ingkang nyêgah manisipun mawi wicantên: eca srutunipun, ingkang dipun sêgah prayogi mangsuli: nuwun (mênawi doyan srutu) utawi mangsuli: kula botên kuwawi ampêgipun (mênawi botên doyan srutu).

Awuning srutu utawi sigarèt, dipun cêcêka ing wadhah awu, mênawi ngêrèk têgêsaning gagang rèk ugi dipun dèkèka ing wadhah awu. Mênawi botên kasudhiyanan wadhah: dipun bucala ing paidon. Upami wadhah awu: botên paidon inggih botên, kaklêmpakna ing ngajêngipun kemawon, sampun kabucal ngiwa nêngên sakajêng-kajêngipun piyambak, kajawi ngrêgêdi: nama botên tata.

Satêlasing udud pisêgah, sampun pisan-pisan udud sangunipun piyambak, angêmbari pisêgah, srutu sami srutu, sigarèt sami sigarèt, rokok-sami rokok, [ro...]

--- 14 ---

[...kok,] punika digsura, botên narimah utawi ngrèmèhakên pisêgah. Nanging yèn pisêgahipun srutu badhe udud sangunipun piyambak sanèsipun srutu: kenging, mawi nêdha lilah badhe udud rokok kemawon, udud srutu kirang tahan, asring ngêlu.

Dene mênawi wontên tiyang mara tamu udud, punika murang tata. Mila mênawi udud ing margi: nisa, prayogi têgêsanipun kabucal rumiyin sadèrèngipun malêbêt ing griya, sampun gadhah owêl dupèh têgêsanipun taksih panjang: eman.

Nanging mênawi dhatêng toko-toko, ing sêtatsiyun, utawi panggenan ingkang umum, kenging kemawon dhatêng kalihan udud.

Sampun udud wontên sangajênging tiyang èstri, adamêl palêpêking napas, nama botên ngajèni, nanging tatakrama Walandi: kenging, namung kalampahanipun nêdha lilah rumiyin, kêbulipun dipun kiwakakên, sampun ngantos malêpêki rencangipun lênggahan, mênawi badhe nampêk dipun wangsulakên ing tangan.

Nêdha ngêmpakakên rokok ingkang sawêk dipun udud, [udu...]

--- 15 ---

[...d,] punika digsura.

Kanthi zie laku adêg-adêg 4.

Kacu

Tiyang alit nyampirakên kacu ing pundhak, punika digsura, punika anggènipun tiyang agêng.

Kêcap zie sêga enz adêg-adêg 2.

Kêrikan zie alis.

Kursi zie linggih, adêg-adêg 4.

Kuku irêng

Kuku ing pucuk cêmêng punika amargi kisèn rêgêd, punika angênêk-ênêki, langkung malih mênawi kagagas tanganipun kiwa saya angênêk-ênêki, prayogi kakêthokan pundhês, botên ngingah kuku panjang kemawon. Dene mênawi rêmên ngingah kuku, kêdah ingkang tabêri ngrêsiki rêgêdipun, mila kalêbêt ing tatakrama, tiyang mara tamu katingal kukunipun cêmêng: digsura.

--- 16 ---

Kukur-kukur

Sampun kukur-kukur wontên pasamuwan, adamêl jiji tinarka krumanên, mênawi wontên ingkang karaos gatêl, dipun pèjèta kemawon saking sajawining sinjang.

Kesodan zie ujung adêg-adêg 7

Klambi

Tatakramanipun tiyang Jawi, bikak rasukan punika kaurmatan agêng, kados ta: gadhah damêl mantu, dodot sindur tanpa rasukan,§ sapunika botên anglugas raga, ngangge rasukan sikêpan agêng burdir. pangantènipun jalêr èstri borehan kuning ginônda wida ing jêbat kasturi marbuk arum, inggih tanpa rasukan. Sowan malêbêt ing karaton, inggih tanpa rasukan, makatên malih tiyang anjogèd, inggih botên mawi rasukan, pêrlu mitongtonakên ulahing sarira, ebahing lambung, kathuwêling tangan, tanjak sarta pacak gulu, namung jègèdjogèd. nayuban sapunika (1840) ewah, tamu botên cucul rasukan, namung ingkang gadhah griya sarta pangantènipun ingkang tanpa rasukan.

Ananging tatakramanipun sulaya kalihan tatakraminipun [tatakraminipu...]

--- 17 ---

[...n] tiyang Walandi, tiyang botên rasukan: kajawi dipun ênêki, winastan digsura.

Ewahing padatan tiyang nayuban botên bikak rasukan, kados saking nyulayani tatakrama Walandi wau. Punika sêdhêngan, kenging dipun lêstantunakên priyayi wontên ing pajagongan botên cucul rasukan.

Ngangge rasukan botên dipun bênikakên, katingal dhadhanipun, punika digsura. Ing Jawi kenging botên dipun bênikakên bilih ing lêbêt ngangge rasukan rangkêpan pêthak sarta dipun bênikakên.

Klêthak zie sêga enz. Adêg-adêg 4

Kapurancang zie ujung, Adêg-adêg 5

Kuping zie rai 4e

Kathok

Tiyang bêbêdan botên ngangge kathok, punika digsura, awit yèn lumampah badhe katingal pupunipun.

Kathok kombor anggèning tiyang dhusun, tanpa bêbêd,

--- 18 ---

sampun kados mawi bêbêd, mênawi dipun angge tiyang nagari: lucu, mênawi priyayi: digsura.

Sapunika (1913) tiyang nagari kathah ingkang ngangge calana kombor kados Cina, adhasar ijêm, biru tuwin sanès-sanèsipun, kajêngipun dhatêng kabrêgasan, bilih priyayi ngangge makatên: digsura.

Kathok panji-panji mawi gèspêr, agêmipun prayagung wadana kaliwon, mênawi nglampahi ayahan, lintunipun calana.

Calana anggènipun priyayi panèwu mantri, ugi mênawi nglampahi ayahan, tiyang alit sampun tiru-tiru ngangge: digsura.

Dariji

Nêdahakên punapa-punapa: sampun dariji panuduh ambêkuk dariji tiga katudingakên ngacung, punika digsura, kêdah jêmpolan kaadêgakên mayat, ambêkuk dariji sakawan, kapênêr kalihan barang ingkang katêdahakên.

Asring wontên tiyang ngadêg anêdahakên barang ing ngandhap kalayan ngacungakên suku, punika sakalangkung digsura.

--- 19 ---

Tai zie êntut, Adêg-adêg 2.

Têkên

Têkên punika anggènipun tiyang sêpuh, kangge cagaking lampah. Mênawi tiyang nèm ngangge têkên: digsura, awit botên wontên damêlipun, kajêngipun namung dhatêng kabagusan botên kangge cagaking lampah, tiyang lampahipun taksih rosa.

Nanging tiyang Walandi kenging kemawon ngangge têkên sarta botên nama digsura, malah sawarni kêkawal mênawi-mênawi wontên ing margi manggih baya pakèwêd, kenging kadamêl gêbag.

Dados tiyang Jawi botên wontên pakèwêdipun ngangge têkên kapanggih tiyang Walandi. Namung sowan tiyang agêng botên kenging, nama digsura.

Pisungsungipun tiyang Jawi dhatêng tiyang Walandi, ingkang kathah inggih awarni têkên.

Têsmak

Têsmak punika anggènipun tiyang sêpuh, sampun botên awas ningali: pandêlêng katingal pêtêng, sagêdipun padhang sarana têsmak, [tê...]

--- 20 ---

[...smak,] dados kalêbêt sarana ingkang pêrlu piyambak, mênawi tiyang nèm ingkang botên sakit mripat ngangge têsmak, digsura, awit mripatipun taksih awas, mênawi ngangge têsmak botên padhang: malah pêtêng, dados anjingipun namung dhatêng kabagusan.

Nanging tatakramanipun tiyang Wêlandi: botên makatên: ngangge têsmak kenging kemawon, awit punika sarana ingkang pêrlu piyambak, tiyang kêkesahan mênawi ngangge têsmak mripatipun botên gampil kengingipun ing rêrêgêd, dening têsmak dados pirantos panolaking angin ingkang ambêkta balêdug. Dados tiyang Jawi ngangge têsmak kapanggih tiyang Walandi botên digsura, nanging mênawi kapanggih tiyang agêng digsura.

Tudhung

Tudhungan malêbêt plataraning sêsami-sami, punika digsura.

Tudhungan wontên ing alun-alun, dipun awisi abdi dalêm panèwu mantri jagi nagari, tudhungan malêbêt balowarti kadhaton, dipun awisi abdi dalêm ingkang saos kori brajanala (gapit).

Tatakramanipun tiyang ngangge tudhung, mênawi kêpêthuk tiyang agêng, [a...]

--- 21 ---

[...gêng,] enggal bikak tudhung, kacêpêng mangandhap, mênawi kapêthuk tiyang sêpuh: bikak rumiyin, tiyang nèm bikak kantun.

Timang

Tiyang sabukan tanpa timang utawi tanpa cathok, punika digsura, nanging tiyang Ngayogyakarta kêlampah, tiyang sabukan namung kalayan sêtagèn sarta tanpa timang.

Tangan

Mênawi wicantênan, tanganipun sampun surawean, mindhak kados singkek, punika inggih kalêbêt patrap digsura.

Sendhok zie garan.

Srutu zie kinang adêg-adêg 3.

Sarung

Tiyang bêbêdan sarung bathik utawi lurik, mara tamu dhatêng griyaning sasami-sami, punika digsura.

Sisi zie rai 3e. Lett. c.

--- 22 ---

Sila zie ujung, adêg-adêg 4.

Sêmbagi

Tiyang alit ngangge bêbêd sêmbagi sawit kalihan rasukanipun, punika namung pangantèn, tuwin lare jalêr têtak, lare èstri sunat, mênawi tiyang sêpuh digsura, awit sawitan sêmbagi punika agêmipun tiyang agêng.

Sêga, iwak, panganan

Mênawi para tamu kasêgah nêdha, pamamahipun ingkang alon sarta sampun kêcap kêrêp-kêrêp.

Tiyang nêdha kêcap, kajawi saru: damêl jiji rencangipun nêdha, katingal sêkulipun ingkang dipun mamah, angênêk-ênêki, lan malih sampun dados awisanipun tatakrama Walandi.

Sampun ngranggèh ulam ingkang têbih panggenanipun, prayogi mêndhet ulam ingkang cêlak kemawon, mênawi dipun larihakên, amêndhêta sawatawis, sampun kathah-kathah: saru.

Sampun nyakot ulam ing untu kagèndèng kalayan tangan sarta nyuwil ulam kalayan tangan kiwa têngan, saking agênging ulam kaangkah alit cêkapipun wontên cangkêm, tuwin anglêthak [a...]

--- 23 ---

[...nglêthak] balung nèm, punika saru sangêt, sampun makatên.

Rampunging nêdha kaangkaha sarêng, sampun kasêsa enggal rampung, nanging ingkang gadhah griya tatakramanipun kêdah ngantuni.

Sarampunging nêdha dipun wênangakên ngatob (hèik, rahmating Allah) nanging adat punika prayogi dipun mantuni, botên atob, tiyang kenging dipun ampêt, kajawi dados awisaning tatakrama Walandi, inggih ugi saru.

Sogok untu mêntas nêdha, tiyang Walandi: sêdhilipun dipun mamah lajêng dipun ulu, tiyang Jawi ênêk. Tiyang Jawi sêdhilipun dipun sêbulakên mêdal dhatêng saênggèn-ênggèn, tiyang Walandi gêntos ênêk. Awit saking sulayaning raos, tiyang Jawi prayogi botên sogok untu kemawon, awit dipun ênêki ing sanès, mênawi botên bêtah angganjêl, angon iriban amêndhêt slilitipun sampun ngantos kasumêrêpan rencangipun lênggah.

Mênawi sampun wiwit nêdha wowohan, kulitipun dipun dèkèkakên ing piring, sampun kabucal, utawi kaselehakên ing taplak meja, sanadyan kacêmplungakên ing paidon, inggih botên kenging, paidon punika wadhah idu, dede wadhah kulit pisang utawi kulit jêram.

--- 24 ---

Tiyang Jawi mênawi nêdha kêdah mawi sisa, kilap namung kantun sapulukan dipun taksihakên, ila-ila botên nêlasakên kamuktèn, lan malih sisa punika dipun èni-èni dipun têdha ing anak putunipun, têmbung ngalap barkah. Langkung malih lorodanipun para agung utawi panjênêngan ratu dados parêbatan, inggih pun ngalap barkah wau, mênawi wontên tiyang sakit, dipun padosakên lorodan tapak asta dalêm, supados enggala saras sakitipun.

Adat punika kosokwangsul kalihan tatakramanipun tiyang Walandi, mênawi nêdha kêdah têlas, mila mênawi imbêt sêkul kakintên-kintên sêdhênganipun katêdha têlas, sampun ngantos nisa, sisa punika adamêl giguning manah.

Tiyang Jawi mênawi nêdha dipun imbêti ing paladèn saking wingking: rambah-rambah, sanadyan sêkulipun taksih kathah inggih mêksa dipun imbêti, sarta anggènipun ngimbêti tanpa katantun, mila mêsthi nisa kathah.

Tiyang Walandi botên makatên, mênawi nêdha paladèn angladosakên sêkul, imbêt piyambak sarta namung sapisan punika.

Sarèhning nêdha punika prakawis pêrlu, sampun ngantos adamêl [a...]

--- 25 ---

[...damêl] ênêking liyan, kados prayogi mênawi tiyang Jawi nêdha kalihan tiyang Walandi: tilar adat Jawi, ngangge adat Walandi, niru ingkang sampun dipun sagêdi.

Saguh

Kasagahan sunikapunika. mênggahing tiyang utami kaanggêp sami kalihan prakawis ingkang sampun kalampahan, têgêsipun: mêsthi, sagah dhatêng jam 4 nèng kèndêl jam sakawan sampun katingal katebang-katebang dhatêng.

Kosokwangsulipun cidra ing ubaya, badhe botên dipun andêl wicantênipun sajêgipun gêsang, kasami kalihan wicantênipun tiyang urakan.

Sigarèt zie kinang, amêg-adêg 3.adêg-adêg.

Sogok untu zie sêga enz. Adêg-adêg 7.

Woh

Wowohan zie sêga enz. Adêg-adêg 8.

Wahing

Tiyang wahing tatakramanipun mengo ngiwa, wêdaling swara kaaling-alingan èpèk-èpèk têngên, ingkang dipun kuwayani [kuwa...]

--- 26 ---

[...yani] (kawekani) mênawi mêdal umbêlipun: saru, dene mênawi badhe sisi katadhahan ing kacu, swaranipun kaangkah-angkaha sampun ngênêk-ênêki, inggih kados manawi tiyang Walandi sisi, dipun gêtêrakên, punika pantês dipun tiru.

Wedang panganan

Mênawi mara tamu utawi jagong kasêgah wedang larihan, sampun katêlasakên babar pisan: saru, prayogi dipun kantunakên sakêdhik: sisa. Punika kosokwangsul kalihan tatakramanipun tiyang Walandi, tanpa sisa, kaombe têlas babar pisan. Mênawi kasêgah wedang panggêngan, dipun ombe sakêdhik-sakêdhik, tôndha sagêd ngraosakên raosing teh, sampun kados kaluwung kaombe sapisan têlas. Sanadyan dipun jogi sapisan kaping kalih, mênawi pangombènipun sakêdhik-sakêdhik: botên saru, bêbasanipun: botên pêcah rêmpêlunipun, raosing teh taksih anglabêti.

Mênawi kasêgah panganan rêmik-rêmikan wontên ing lodhong, amêndhêta satunggal kemawon, sampun kalih utawi tiga: saru, mangke mênawi kaacaran malih mêndhêt malih satunggal, salajêngipun kenging mêndhêt malih botên susah

--- 27 ---

ngêntosi pakèn, punika malah prayogi tôndha rêsêping manah ngajêngi pasugatan, wusana sampun supe nutupi lodhong ingkang mêntas kabikak, punika adamêl malêmpêming panganan ingkang kantun, sarta adamêl pitunanipun ingkang gadhah griya pangananipun ingkang kantun malêmpêm, dening ingkang gadhah griya botên sagêd mangsulakên tutup lodhong, anggadhahi raos botên lila kathah pangananipun dipun têdha.

Pèngêt, sampun mêndhêt panganan ing lodhong kalayan tangan kiwa, kajawi adamêl jijiking kang mêndhêt kantun: inggih nama digsura.

Watuk

Tiyang watuk wontên ing pakehan, tatakramanipun mengo mangiwa: angingkêmakên lambe, kajawi sagêd mayarakên watuk, botên katingal mangab-mangab, saru dinulu.

Lirik

Anglirik zie pôncadriya 1e.

Laku

Tiyang agêng tindak kalihan garwanipun: kanthèn, putri wontên kiwa kakung wontên têngên, nanging mênawi garwa wau gradipun [gra...]

--- 28 ---

[...dipun] inggil, putri wontên têngên, kakung wontên kiwa.

Tatakramanipun tiyang Walandi, botên wolak-walik makatên, ajêg kemawon, tiyang èstri kakanthi tiyang jalêr wontên têngên.

Tiyang alit lumampah kalihan bojonipun botên kenging kanthèn, lumampah piyambak-piyambak.

a. mênawi priyantun èstri wontên wingking, jalêr wontên ngajêng.

b. mênawi tiyang alit, èstri wontên ngajêng, jalêr wontên wingking.

Nanging mênawi angsal tariman putri, bilih nuju jagong, kenging dipun kanthi wontên têngên.

Pangantèn panggih lampahipun dhatêng kobongan: kanthèn, ingkang èstri wontên kiwa, sanadyan pangantèn èstri gradgrad (langkung inggil). inggih wontên kiwa.

Mênawi lumampah sêsarêngan kalihan tiyang sêpuh utawi kalihan lurah bêkêlipun, manggèna wontên kiwa kapering wingking. Nanging mênawi sêsarêngan kalihan para gusti, saha kangjêng radèn adipati, botên kenging wontên ngiringan, kêdah wontên pêngkêran andhèrèkakên.

Mênawi lumampah kapêthuk sadhèrèkipun api-api

--- 29 ---

botên sumêrêp, punika tiyang digsura.

Mênawi wontên tiyang badhe nugêl lampah, enggal mundura saking adêgipun, supados tiyang wau langkung wontên ngajêngipun, dipun ajêngakên, botên dipun ungkurakên dipun sukani bokong.

Lading zie garan.

Lodhong zie wedang enz. Adêg-adêg 2.

Layad

Nglayad tiyang tilar dunya, mangangge punapa lêrêsipun, mênawi abdi dalêm nêtêpi pranatan, namung bêbêd ikêtipun prayogi masêm, sampun babaran.

Tatakramanipun tiyang Jawi nglayad tiyang tilar dunya wau kenging wicantênan sêru, tarkadhang wontên ingkang gêgujêngan, ingkang katingal prihatos namung ali warisipun piyambak, botên wicantênan mirungga sarta botên gumujêng, nanging sanèsipun: botên, sami wicantênan sarta gêgujêngan, langkung malih bilih layon sampun bidhal, gumêdêr botên kenging sinapih. Punika kosokwangsul kalihan tatakramanipun [tatakrama...]

--- 30 ---

[...nipun] tiyang Walandi, mênawi nglayad sami ngatingalakên prihatos, kèndêl botên wicantên, dalah lampahipun jinjit supados botên mungêl sapatunipun, tôndha bela sungkawa, lêbêting layon ing kubur sidhêm pramanêm botên wontên sabawanipun walang salisik, nyambut damêl angkat junjung nguruk siti botên wicantên sakêcap, namung kalihan sasmita dariji kemawon.

Awit saking punika sarèhning tatakrama wau kosokwangsul, kados prayogi dipun pêndhêt têngah-têngahipun, botên rame, botên guyu, botên gêgujêngan, sukur sagêd kèndêl.

Layang

Mênawi nuju maos sêrat waosan, dipun têdha sumêrêp rencangipun lênggahan, kaulungakên kawalik, supados pambikakipun botên kuwalik.

Mênawi rencangipun lênggahan tampi sêrat ibêr, sampun ngungak tumut maos sêrat ibêr wau, agêngipun nêdha sumêrêp, punika digsura, inggih yèn sêrat botên wados, yèn wados kadospundi, mindhak adamêl rikuhipun ingkang tampi sêrat.

--- 31 ---

Mênawi dipun jak lênggahan wontên kantor panyêratan, sampun pisan-pisan purun maos sêrat ingkang wontên panyêratan, utawi gledhahan pados dalancang badhe kadamêl nyêrat wontên ngriku, punika awisan agêng, awit ing panyêratan panggenan wados.

Mênawi rencangipun lênggahan katanggêlan sawêg nyêrat, utawi gadhah pêrlu sanèsipun, kenging mêndhêt sêrat kabar ing ngriku: kawaos kalihan ngêntosi rampungipun pêrlu wau.

Lembeyan zie ujung adêg-adêg 2.

Linggih

Lênggah sila têkukaning suku têngên wontên ngajêng garêsipun katutupan wironing sinjang mênawi kuwalik suku kiwa wontên ngajêng: saru, silanipun tiyang dhusun.

Lênggah sila tumpang punika lênggahipun tiyang agêng wontên sangajêngipun tiyang alit.

Lênggah sila panggung, punika lênggahipun putri adi, kaparak ing parêkan cèthi.

Lênggah kursi kalihan para tuwan, sampun mênthalitakên [mênthalitakê...]

--- 32 ---

[...n] suku, punika digsura. Mênawi kêsêl badhe sila, nêdhaa lilah rumiyin.

Manawi sarêngan numpak sêpur, wontên tiyang èstri ngadêk botên uman papan, tiyang jalêr ingkang sampun lênggah rumiyin sacêlaking èstri wau, wajib ngawon lajêng ngadêk, panggenanipun dipun tawèkakên dipun kèn anglênggahi.

Pôncadriya

1e. Pandêlêng

Mênawi jagongan kalihan tiyang èstri angothongna cipta kados ningali tiyang jalêr.

Nglirik, dados awisan agêng, inggih punika kadurjanan ingkang sinimpên ing manah, tumindakipun kapitulungan culikaning mripat.

2e. Pangrungu

Mênawi wontên tiyang rêmbagan wados, sampun kêpingin mirêngakên, malah amitambuha botên mirêng kemawon.

3e. Pangambu

Anggêgônda punika kalêbêt ing tatakrama, mênawi kalintu panganggenipun: cacad, dene manggènipun: tiyang jalêr ngangge toya wangi (pèndêl enz.) tiyang èstri ngangge

--- 33 ---

lisah wangi (mlathi enz.) dados gônda wangi ingkang kongas sadèrèngipun katingal ingkang ngangge: sampun sumêrêp jalêr èstrinipun.

4e. Pangrasa (ilat)

Mênawi dipun sêgah nêdha utawi nyênyamikan, sampun dhokoh-dhokoh sarta sampun kidih-kidih, punapa dene sampun pisan-pisan nacad kirang eca, bilih botên doyan, botên dipun têdha kemawon.

4e.5e. Pangrasa/a (ati)

Saru sikuning tatakrama, kenging binasakakên tanpa watês, nanging pangraosing manah landhêp sagêd nyêmbadani lèjêming netya rênggêp utawi kêmba. Pèngêt, mara tamu sampun ngantos dipun kêmbani dhatêng ingkang katamuan, kaangkaha pamit sadèrèngipun, punika malah murugakên awèt pawong mitra, awit botên damêl pituna ing kalih-kalihipun.

Pandêlêng zie pôncadriya. 1e.

Porok zie garan.

--- 34 ---

Pangrasa (ilat) Pangrasa (ati) Pangrungu Pangambu } zie pôncadriya 4e. 4/a. 2e. 3e.

Dhèhèm

Watuk ampang ingkang dinamêl, dados pancèn botên watuk, punika: dhèhèm, tiyang mêrtamu ingkang botên pinanggih ing jawi, adamêl swara: dhèhèm-dhèhèm, nelakakên yèn wontên sabawaning tamu, supados ingkang gadhah griya enggal mêdal zie dhayoh adêg-adêg 2.

Dhèhèm sêsarêngan utawi pêthukan tiyang èstri: botên kenging, punika digsura, sami kemawon kalihan tiyang anjawat.

Dhakukul zie ujung adêg-adêg 6.

Dhodhok

1e ste Rang

sampeyan dalêm

sadhèrèk sêpuh kapêthuk sampeyan dalêm, taksih jumênêng ngajêngakên ngapurancang.

--- 35 ---

sadhèrèk nèm, santana dalêm sêpuh anèm, santana dalêm agêng alit } andhodhok ngapurancang.

2e de Rang

a. kangjêng gusti

b. para gusti

c. kangjêng radèn adipati

d. 8 kolonèl

Wadana kaliwon, kapêthuk 2e de Rang lett. a.b.c. ngadêg ngapurancang.

Panèwu mantri: andhodhok ngapurancang.

3e de Rang

a. 8 riya, panji wayah

b. wadana, kaliwon

c. mayor kaptin, upsir

Panèwu mantri kapêthuk 3e de Rang ngadêk ngapurancang, lurah, bêkêl, jajar andhodhok, utawi ngadêk ngapurancang.

4e de Rang

a. buyut, canggah,

b. panèwu, mantri,

--- 36 ---

lurah, bêkêl, jajar kapêthuk 4e de Rang ngadêg ngajêngakên.

Tatakrama ing nginggil punika awrat linampahan, dening susah salêbêtipun dhodhok, botên namung ngalang-alangi tiyang langkung ingkang botên purun dhodhok, inggih ugi sumêlang mênawi katumbuk ing têtumpakan. Saupami kabêsud saprakawis kemawon, tur botên angewahakên têtêping tatakrama, kaurmatan dhodhok wau namung tumrap mênawi kêpêthuk tindak dharat, mênawi anênitih: botên mawi kaurmatan dhodhok.

Dhayoh

Mara tamu prayogi cêcala rumiyin, sagêd tampi utawi botên.

Mara tamu ingkang tanpa cêcala, bilih botên kapanggih ing jawi: asabawaa, dhèhèm-dhèhèm, mênawi wontên rencang, acanthela wêling, mawi amratelakakên namanipun. Salêbêtipun sawêg canthèl wêling, sampun lênggah rumiyin, ngadêk wontên ing latar kemawon, mênawi tatakramanipun tiyang Walandi: nothok kontên, sanadyan kontênipun pinanggih mênga.

--- 37 ---

Tiyang katamuan, kurmatipun ikêt-ikêtan, nanging mênawi kampiran wancinipun badhe sowan, sampun sêratan, dèrèng dandos, botên susah ikêt-ikêtan, namung kondhe kemawon, sanadyan kampiran lurah: bêkêl, minggahipun para gusti, utawi kangjêng radèn adipati, inggih sami kemawon botên nama digsura, awit mênawi katilar dandos, tamunipun lênggah piyambak, nama ambucal wanci kalih-kalihipun, malah botên andadosakên dhanganipun ingkang karsa mampir, mampir punika namung sakêdhap, parlu sakêdhik ingkang kêdah kasumêrêpan sanalika wau.

Katamuan: (griya majêng mangidul)

a. inggil-inggilanipun kaacaran lênggah lèr awakipun wontên kidul.

b. sasaminipun kaacaran lênggah kilèn, awakipun wontên wetan.

c. sor-soranipun, kaacaran majêng wontên kidul, awakipun saprayoginipun.

Pambage: panjênêngan sampeyan punapa wilujêng kemawon.

Wangsulan: saking pangèstu sampeyan wilujêng.

Garwa putra punapa inggih sami wilujêng.

--- 38 ---

Ugi sami wilujêng, namung putra sampeyan bayi sêsêpan tilar dunya.

o, o, kula botên kêmirêngan pisan-pisan.

Tatakraminipun tiyang katamuan, sadèrèngipun tamu mêdharakên pêrlunipun, ingkang gadhah griya mawi pitakèn: putra sampeyan pintên, sapunika nyêpêng damêl punapa, blônja sampeyan pintên. Punika dados kosokwangsulipun kalihan tatakramanipun tiyang Walandi, pitakèn anak sarta pamêdal, botên kenging pisan-pisan, nama digsura, dening sagêd adamêl lingsêmipun ingkang dipun pitakèni, kados ta: putra sampeyan pintên, sagêd angsal wangsulan: dèrèng utawi: botên gadhah anak, iba awratipun kapêksa mangsuli pitakèn wau. Makatên malih pitakèn: blônja sampeyan pintên, mênawi blanjanipun agêng botên rikuh mangsuli salêrêsipun: 150 rupiyah sawulan, nanging mênawi blanjanipun alit, 150 ical nolipun kantun 15 rupiyah, prasasat dipun erang-erang.

Awit saking punika sarèhning sampun dados tatakramanipun tiyang Jawi, prayogi dipun lêstantunakên, ananging manawi mawang kawontênanipun ingkang dipun pitakèni, mênawi sampun sumêrêp nate gadhah anak, kenging dipun pitakèni: putra [pu...]

--- 39 ---

[...tra] sampeyan pintên, sarta mênawi pamirêngipun balanjanipun agêng, kenging dipun pitakèni: balônja sampeyan pintên, nanging mênawi dèrèng trang, prayogi botên pitakèn kemawon.

Jênèwêr

Tiyang Jawi abritan, kenging winastan sami purun utawi doyan ngombe jênèwêr, limrahipun winastan ngombe pait, dening jênèwêr punika awis kaombe lawaran, kathah ingkang kawoworan pait, tiru-tiru tiyang Walandi, nanging pangombènipun botên mawi pranata sae, namung sapurunipun kemawon, utawi kadamêl êndêm-êndêman, tiyang Walandi botên makatên, ngombe pait mawi môngsa kala, ing wanci siyang sarta dalu ngajêngakên badhe nêdha, yèn Jawi mastani: bukak kêmah, ngombe kalih utawi tigang gêlas: sampun, kathah-kathahipun kawan gêlas: lajêng nêdha, bibar nêdha sampun botên ngombe pait malih, salêbêtipun nêdha: ingkang dipun ombe: anggur, bibar nêdha: likir utawi sanès-sanèsipun, mênawi sampun angglong, kenging ngombe konyak, tiyang agêng Jawi kathah ingkang nulad tata cara Walandi wau, dening sagêd mêrtasamèni, mênawi tiyang [ti...]

--- 40 ---

[...yang] alit salêbêtipun pajagongan, bibar nêdha doyan ngombe pait, botên kirang botên mathuk, nanging dipun têmah, tiyang botên wontên minuman sanèsipun, wusana dados kêlimrah, nêdha lintuning anggur: pait, mênawi kêladuk pangombènipun: mêndêm, tarkadhang mutah, sêkul ingkang mêntas dipun têdha: wangsul, botên kirang ngênêk-ênêki, botên sampun makatên kadospundi. Prayoginipun mênawi sampun nêdha tuwuk: sampun ngantos ngombe malih, awit ngombe pait manggènipun namung bilih ngajêngakên nêdha, inggih kados anggèn sampeyan mastani: bukak kêmah, nanging mênawi sampun kisèn, sampun dipun gontor ing jênèwêr malih, kajawi botên ecaning raos mêntas nêdha, sok mutahakên isi wadhuk, dene mênawi kadamêl êndêm-êndêman, prayogi ngothongakên wêtêng sawatawis, mutaha botên ngênêk-ênêki, namung wangsuling jênèwêr, botên kanthi sêkul utawi têtêdhan sanèsipun. Ingkang nganggit asring ngladosi tiyang agêng kakarsakakên êndêm-êndêman (botên rêmên mêndêm utawi wuru dawa, namung wuru cêndhak). Bathinipun sadintên gulangsaran, mila sagêd cariyos dening sampun ngalami.

--- 41 ---

Jogèd

Jogèd nayuban, kala kina bikak rasukan, sapunika: botên, namung ingkang gadhah griya sarta pangantèn punapa dene talèdhèk, punika ingkang taksih sami bikak rasukan, zie klambi.

Mundhuk-mundhuk zie ujung adêg-adêg 3.

Minuman

Mênawi nyêgah minuman, lajêng kaacaran kaparêng ngunjuk punapa, punika nelakakên mênawi minumanipun warni-warni. Utawi: kaparêng ngunjuk pait utawi toya Walandi, punika nelakakên sêgahipun minuman namung punika, pundi ingkang dipun pilih lajêng kaladosan, gêlasipun piyambak dipun ilingi sakêdhik, lajêng gêlasing tamu, wangsul gêlasipun piyambak malih, punika kajawi ambucal rêgêding gabus, kasujanan yèn minumanipun tanpa wisa, upami wontên wisanipun sampun kiling ing gêlasipun rumiyin. Anggènipun ngiseni sampun kêbak-kêbak, dipun angkaha sêdhênganipun kacêcêp, sabên sampun kaombe kaêjogan. Punika sulaya kalihan tatakramanipun tiyang Walandi, anggènipun ngêjogi mênawi [mêna...]

--- 42 ---

[...wi] sampun têlas.

Mata zie rai enz 2e

Garan

Mênawi ngulungakên punapa-punapa ingkang mawi garan utawi tongkat pucuk: kawalik, garan utawi bongkotipun ingkang dipun ulungakên, landhêp sarta pucukipun ingkang dipun cêpêng.

Glègèk

Glègèkên punika kêtuwukên anggènipun nêdha dipun ombèni kathah, punika panunggilanipun atob, kalêbêt patrap digsura, dados sirikanipun tiyang Walandi, mênawi badhe glègèkên kaampêt, sampun dipun umbar kemawon, adamêl kagètipun tiyang lênggahan.

Bênik zie klambi adêg-adêg 4.

Brêngos

Tiyang nèm abrêngos capang, punika digsura, lênggahipun brêngos kêtogan, kosokwangsulipun tiyang sêpuh brêngos kêtogan, botên digsura, namung ragi botên nyêbut.

--- 43 ---

Tiyang abrêngos lalêr mencok, botên digsura, namung lucu, rêmên dipun tingali aneh.

Bokong zie ujung adêg-adêg 7.

Bisik-bisik

Mênawi wontên pajagongan botên kenging bisik-bisik kalihan rencangipun lênggahan, dene bilih badhe rêmbagan wados, anêdhaa lilah dhatêng kancanipun lênggahan ngiwa sakêdhap, badhe rêmbagan parlu, dados botên tinarka ngraosi awon dhatêng rencangipun lênggahan.

Balônja zie dhayoh adêg-adêg 10.

Bêbêd

Bêbêdan kalèmbrèh punika digsura, niru agêming bandara, nanging sampun bêbêdan jigrang, punika anggening tiyang dhusun, ingkang sêdhêngan kemawon.

Wiron bêbêd sampun ciyut-ciyut, anggening tiyang èstri, nanging sampun wiyar-wiyar digsura.

Bêbêd babaran kangge jagong, masêm kangge sowan utawi layad tuwin kêkesahan, luwas kangge wontên griya utawi [uta...]

--- 44 ---

[...wi] tilêm, mênawi kalintu panganggenipun dipun gêgujêng, kados ta: jagong ngangge bêbêd luwas, sanadyan mrabot ngangge sêlut, nama digsura, botên ngaosi dhatêng pasamuwan, kosokwangsulipun tangi tilêm ngangge bêbêd babaran: wontên punapa?

Bongkot zie garan.

Tamat

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

--- [0] ---

Sêrat Subasita

Sapunika sampun dados, kasudhiyakakên ing pangêcapan Darmakôndha 1 buk rêgi f. 1.50, dene ingkang karsa ambayar lêngganan Waradarma ing dalêm sataun (1844) = f. 6,- kaaturan Sêrat Subasita lêlahanan, sarta tampi sapunika.

Red.