Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467 (Hlm. 001-131)

Katalog:Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467
Sambung:
1.Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467 (Hlm. 001-131). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #935.
2.Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467 (Hlm. 132-272) . Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #936.

Sêrat Urapsari

Anggitanipun Ki Padmasusastra ing Surakarta

--- 1 ---

I. Ilanging Kaurmatan

Kala wingi panjênêngan dalêm kangjêng duka sangêt dhatêng Ngabèi Kadukwani, manah kula ingkang botên kadukanan kemawon ngantos gêtêr.

Lupute apa.

Kula botên sumêrêp wiwitanipun ing duka, namung mêningi têngah-têngahanipun kemawon.

Ayake saka kurang ajare, awit priyayi siji iku wis misuwur dhêmêne badhutan, sarta sok calunthangan, mulane yèn nuju ana ing pajagongan, diklumuhi ing wong akèh.

Kados mèmpêr panggalih sampeyan punika, awit panjênêngan dalêm kangjêng mawi ngandika makatên, priyayi clola-clolo ora wêruh ing tata krama.

--- 2 ---

Wis kaluhuran bae daduka dalêm kangjêng iku, awit satêmêne isih akèh priyayi kang durung sumurup marang tata kramane dhewe, sanadyan kowe dhewe iku iya isih grubyug tembo, durung sumurup wêwatone kang bênêr.

Inggih bapak, dhawah sampeyan punika lêrês, kula punika namung ilu-ilu punapa ombakipun ing kathah kemawon, botên gadhah moga piyambak ingkang mêdal saking wêwaton lêrês.

Mulane kuwi, awit sing wis tak wêruhi dhewe akèh priyayi sing padha golèk pêndhok, yèn ngêmpakake têmbung marang dhadhuwurane akèh sing kêladuk, andhap asore luwih saka ngêkat, laire mung saking wêdi yèn kêluputan, batine dhasar diniyati bisaa olèh pêndhok.

Keladuk andhap asor punapa botên prayogi, bapak.

Prayogi kêpriye, yèn dudu bênêre harak malah gawe asoring priyayi sadhuwure priyayi kang diurmati mau.

--- 3 ---

Kadospundi bapak têrangipun, kula dèrèng mudhêng.

Mêngkene, kaya ta nyêmbah marang priyayi kliwon kang nyêkêl paprentahan nagara saka pinêthil ing gawe, ana ngarsane priyagung bupati kang ora nyêkêl paprentahan nagara, apa kang mangkono iku ora mung golèk phaedah kang mêtu saka ing kanisthan, lan apa ora gawe asoring kaluhurane bupati mau. Luwih manèh gone ngajèni marang para gedhe nganti lali marang halating karaton.

Ingkang pundi bapak, kula dèrèng nyandhak pangandika sampeyan ingkang wêkasan punika.

Bênêr, awit mung durung korasakake dawa bae, kaya ta: wong calathu: kondur dalêm kangjêng saking karaton, wanci pukul pintên, kêpriye olèhe ora tumiba ing luput, awit ora ana sing bisa kondur saka karaton, kajaba mung sampeyan dalêm piyambak sing sagêd kondur angadhaton.

Lêrês sangêt panggalih sampeyan punika bapak, pancèn botên kenging, nanging kadospundi [ka...]

--- 4 ---

[...dospundi] anggènipun nyantuni têmbungipun murih botên adamêl kagèt.

Iya mung sabênêre bae, unduripun kangjêng saking karaton, wanci pukul pintên, yèn wong wis anglungguhi bênêr arêp golèk apa manèh. E, aku kelingan, ing layang Saridin gajêge ana kang muni ilanging kaurmatane pêpatihing ratu amarga ngocapake panjênêngan nata, kae, lo, layange jupukên dhewe ana meja panulisan, sing samake abang.

Nun inggih. Punika.

Priksanên dhewe, gajêge ana kaca 197 larikan 5 saka ngisor.

Inggih, lah punika sampun pinanggih ungêlipun makatên: mênggah griyanipun patihing ratu ing Surakarta ngriki, punika gadhahanipun piyambak, punapa kagunganing ratu.

La, rak bênêr kandhaku mau ta, yèn kaurmatan iku mung dumunung sawiji, iya iku marang sapa sing dhuwur dhewe pangkate, iku kudu diurmati, sanadyan jajar iya linurah-lurah sarta kinurmatan, [ki...]

--- 5 ---

[...nurmatan,] yèn nuju nayuban ana ngomahe bêkêle. Mulane aja ngluhurake wong gêdhe kang bêbarêngan karo wong kang luwih gêdhe, padha dene kaliwon, ana ngarsaning bupati kaya kandhaku mau.

Kula manah-manah lêrês dhawah sampeyan, ing sasagêd-sagêd kula badhe anglênggahi lêrês, samantên punika bilih kula sampun kaparingan sumêrêp wijang-wijangipun.

Nanging kandhaku mau isih kudu nganggo angon iriban, ora sabên wong gêdhe kêna koaturi têmbung sabênêre, mêngko kowe dadi tumiba ing luput, awit têmbung sabênêre tumanduke bisa gawe tatuning ati, mulane kudu wangwangên dhisik kang nampani tibaning basamu apa wong agung sujana, apa wong agung angkara, yèn sujana angêmpakna têmbung mau sarta aja anduwèni sumêlang, awit kowe malah ingalêm wong kang sumurup marang tata krama, nanging yèn angkara, aja, goleka têmbung sing dadi karsanane, banjur muliha, awit yèn kêsuwèn mundhak dadi juru pangonggrong.

--- 6 ---

II. Ngoko

Dhèk wingi sore, kene apa ana lampor.

Ana, malah rame bangêt swarane wong kang padha anggêbyagi gêdhège.

Pinangkane saka ngêndi.

Ah kowe kuwi anèh pitakonmu, sok ana lampor iya saka kidul.

Kowe apa wis tau wêruh rupane.

Durung, lagi kandhaning wong bae, tatacarane iya kaya manungsa sarta ana kang nunggang jaran, swarane pating krincing.

Aku iya lagi saka kandhaning wong bae, kêpengin têmên aku kiyi bisaa wêruh dhewe.

Yèn aku wis ngandêl bangêt, awit sing kôndha marang aku mau wêruh dhewe wèlèh-wèlèh.

Jarene ana sing sok gawa obor.

Iya dhasar ana, nanging iku yèn lakuning lampor nuju pêtêngan, nèk padhang bulan, iya ora.

--- 7 ---

Yèn lêga atine mas bèi (si kakang) mêngko sore jarane taksilih.

Badhe kagêm dhatêng pundi.

Arêp tak ênggo mênyang dhoktêran.

Inggih prayogi, nanging kapalipun lami botên kula tumpaki, kados bigar, ingatasipun katitihan kiyai bêkêl, bokmênawi nyumêlangi.

O yèn mêngkono bèndine mas bèi bae tak silih.

Mangke pukul pintên anggèn kula ngaturakên.

Mêngko jam-jam lima bae iya bêcik.

III. Ngoko Andhap

Antyabasa

Pak lurah, besuk apa bisamu niliki rumpon mênyang kuwagalan.

Aku andhèrèk bae sakarsamu, kokarsakake lumaku saiki iya sêndika, nanging kiraku kaline isih gêdhe.

--- 8 ---

Ora pak, saiki wis sêdhêng-sêdhênge, ora gêdhe ora cilik, sesuk esuk bae mangkata, dikêpara esuk, dadi bisa tulak.

Iya sêndika. Yèn parêng titihamu jaran abang bae sing takênggo.

Iya sakarêpmu, nanging mungguhing kowe ayake kabantêrên, bêcik sing plôngka, atine sêmuruh, korikatake kêna, korindhikake gêlêm.

Iya sakarsamu bae, karodene aku nyuwun ngampil bêdhil, nèk nêmoni manuk ana ing dalan, lowung yèn kêna dibêdhil, kêna ginawe olèh-olèh mulih.

Iya bêcik, mêngko bae takkirimne mrene saobat gotrine pisan.

IV. Ngoko Andhap

Basaantya

Mas, aku golèkna kêcik giri sing bêcik papat bae.

Iya sêndika, nanging aku ora sagêd masthèkake [ma...]

--- 9 ---

[...sthèkake] angsale sing sae, awit saka kathahe para kangjêng pangeran sing rêmên kêcik, sokur yèn sagêd angsal.

Iya mas, aku gumun kèhe para gêdhe sing padha rêmên kêcik.

Kasinggihan pangandikamu iku, salamine ungsum kêcik lagi saiki sing kenging diwastani rame sayêktos.

Saiki kalangane sing gêdhe ing êndi, mas.

Sasumêrêpku ana tiga, ing Pamotan, ing Purwadiningratan lan ing Mangkunagaran.

Pangarêping toh nganti pirang rupiyah.

Yèn pangajênge mono ora patos kathah, nanging ajon-ajone sing wingking sing kathah sangêt, nganti kawan dasa utawa sèkêt rupiyah.

Ayo mas, nglurug mênyang Mangkunagaran.

Iya sêndika, tak dandan rumiyin.

V. Krama

Wrêdhakrama

Kala punapa saudara dhatênge kengkenan sampeyan saking Sêmarang.

--- 10 ---

Kulunun sawêg sontên punika wau.

Punapa wilujêng botên wontên sêsandhungane.

Saking pangèstu sampeyan wilujêng.

Punapa sagêd pikantuk anggène ngêmin lelangan kapal.

Sagêd, nanging awis-awis.

Pikantuk pintên.

Kalih saha kalêrêsan wulunipun sami plumpung, bilih kagêm rakitan kreta prayogi sangêt.

Wêdalan pundi.

Sundêl laut, awit kuping janggêlipun sami dipun pêthêt.

Pintên lelangane kapal kalih punika.

Kulunun kawan bêlah, dèrèng prêsèn tuwin wragading lampah.

Kados botên kirang kawan atus rêsike.

Manawi.

Punapa mulus botên wontên cirine.

--- 11 ---

Ingkang satunggal mulus, satunggalipun ciri suduk.

Inggile punapa jangkêp kawan kaki.

Namung kirang sadim.

Punapa sampun kenging ditumpaki.

Kados dèrèng, awit ringasipun taksih kêtingal.

Sangêt bingah kula saudara, kula sampeyan angsalake kapal, benjing-enjing kula badhe sumêrêp.

Inggih prayogi, punapa kula sowanakên mriki, punapa panjênênganipun tuwan tindak dhatêng griya kula.

Kula kemawon mrika mampir saking putêr punika sakêdhap.

Saudara ijêngandika kiyai lurah radèn tumênggung Singaranu nguningani kala dhatêngipun kapal punika, saha dhawah dhatêng rencang kula ingkang ambêkta, ingkang satunggal badhe kapundhut.

Lo, sampun saudara rumiyin, manawi kula rêmên badhe kula pêndhêt sadaya,

--- 12 ---

pancèn kalêrêsan inggih badhe kula damêl rakitan kareta.

Manawi sampun têrang dhawah sampeyan kula nyuwun mundur, sarta benjing-enjing panjênêngan sampeyan kula ajêng-ajêng.

Mangke sakêdhap saudara, rencang sampeyan kula pêndhêtne sinjang. Lah punika saudara, sinjang sawitan sampeyan paringake.

Inggih.

VI. Mudha Krama

(Inggih punika krama lêrês).

Saudara, sampeyan punapa karsa ambabêdhag dhatêng wana.

Sakalangkung dhangan manawi kula kakarsakakên andhèrèk.

Botên makatên saudara, inggih sampeyan ngasta sanjata, sarta misah panggenan.

O, la, mangke mindhak andadosakên cuwaning galih sampeyan.

Cuwa kadospundi.

--- 13 ---

Awit kula botên sagêd nyênjata patitis, nate kula namung nyênjata pêksi.

Botên kaot sapintên saudara, anggêripun tatag.

Kasinggihan manawi namung kêpranggul andhapan kemawon. Mangke, manawi kapranggul sima: gèk kadospundi.

Punika ingkang kalêrêsan, inggih lajêng sampeyan dhawahi.

Mêsthinipun inggih makatên, nanging sarèhning dèrèng nate wau, botên sande andhrodhog adamêl tuna dungkaping pamawas, kadung panyanjata kula, lêpat-lêpat dados damêl.

Kok jirih sampeyan punika, saudara.

Rak botên nama jirih manawi tiyang sumêrêp sima, ajrih, nama limrah, purunipun wau kapêksa.

Manawi para tuwan, botên, anggêripun nyêpêng sanjata.

Lêrês, awit panyênjatanipun prasasat kenging dipun andêlakên, wangsul tiyang Jawi, botên.

--- 14 ---

VII. Krama

Kramantara

Dhatêng kula punika manawi pun adhi suka kula nêdha nyambut gadhahan sampeyan gôngsa klênengan sadalu kemawon.

Kagêm ing damêl punapa têka kadingarèn mawi mundhut kalênengan.

Anu: kêng bakyu badhe nyatauni putu, kêmaruk sampun lungse sawêg gadhah putu sapunika.

Ingkang kapundhut slendro punapa pelog.

Kalih pisan kemawon, mangke yèn namung salah satunggil mindhak damêl cuwaning tamu.

Kula sumôngga kemawon.

Dêmang Ngiras Tangkilan, pun adhi benjing êmbèn sontên kula purih dhatêng griya kula, ngramèni anak putu.

Inggih sandika, manawi botên wontên cêgah kenging kapêsthèkakèn sowan kula. Punapa botên mawi ringgit ingkang nyindhèni.

Duka sampeyan dhi, inggih sakajêngipun pun ngantèn, ingkang gadhah kajêng klênengan, wataking [wa...]

--- 15 ---

[...taking] lare kados mawi. Sampun dhi: kula mantuk.

Inggih kangmas.

VIII. Krama Inggil

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Talimonce.

Kawula nuwun: kula.

Jaranku anyar apa wis kêna tak tunggangi.

Kawula nuwun, titihan dalêm Kyai Megantara punapa Kyai Madusêti.

Si Megantara.

Kawula nuwun, manawi Kyai Megantara: nuwun sampun.

Atine apa isih katon bantêr sawise kok tatah siyunge.

Kawula nuwun sampun ical, namung kantun grêgêtipun kemawon, awit sampun botên sagêd makêm kêndhali.

Tunggangane kêpriye.

--- 16 ---

Kawula nuwun, wontên kuciwanipun sakêdhik ragi lunyu.

Lambene kêpriye.

Nuwun ènthèng saha gamoh.

Lakune apa wis kêna kabèh.

Nuwun sampun, namung kantun ngatulakên kemawon.

Kêmbanana bae yèn wurung kêna kotalèni têmênan.

Nuwun, nuwun inggih sandika.

Karodene aja sok kopêndhapanake, mundhak ora bisa lumayu rikat, Si Garnarada bae.

Nuwun, nuwun inggih sandika. Kawula nuwun, kajawi kaparêng dalêm sampeyan dalêm, punapa botên mawi kajojog saha kaadhèhakên.

Jojogna bae, adhehan, ora.

Nuwun, nuwun inggih sandika.

IX. Krama Inggil

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom

Wirapati.

--- 17 ---

Kawula nuwun, kula.

Têdhak dalêm pêpara sesuk wayah jam pira.

Nuwun wanci pukul pitu enjing.

Cuwa bangêt atiku, awit aku ora kêlilan andhèrèk.

Nuwun, nuwun inggih.

Sesuk sebaa sing esuk tuguran ana ing kadhaton.

Nuwun inggih sandika.

Sapa para pangeran sing dikarsakake andhèrèk.

Kawula nuwun, ingkang sampun kadhawuhakên.

[Grafik]

--- 18 ---

[Grafik]

Nuwun sampun.

Sing dhèrèk ibu sapa.

Kawula nuwun, saking palapuranipun abdi dalêm sêdhahan.

[Grafik]

--- 19 ---

[Grafik]

Katrangan

[Grafik]

[Grafik]

--- 20 ---

[Grafik]

Namung ratu ingkang têksih jumênêng, wayahipun botên nama sêntana, nama wayah dalêm.

Santana dalêm ingkang dados wadana kaliwon, panèwu mantri, tuwin mayor kapitan, upsir katêtêpakên namaning kawula mawi têmbung abdi dalêm, nanging mawi kasêbutakên prênahipun.

X. Krama Inggil

Kangjêng Radèn Adipati

Kartipradata.

Kula nuwun, kula.

Garapanamu prakara kadurjanan saiki kari pira.

Kula nuwun, taksih wontên pitung dasa gangsal prakawis, isi pasakitan satus kalih dasa.

Kêpriye: ta, panggarapmu iku, dene tansah kèthèr bae.

--- 21 ---

Kula nuwun, manawi kèthèring panggarapipun abdi dalêm kônca: nuwun botên.

Genea kongsi nandhêg samono kèhe.

Kula nuwun, amargi kèndêl angêntosi saksi, dèrèng wontên ingkang lumados.

Apa ora koenggalake.

Nuwun sampun, malah sampun rambah kaping tiga.

Pulisine sapa.

Kula nuwun, kabupatèn pulisi salêbêting nagari: bawahipun Ngabèi Windakara.

O: la, layak, wong lambene biru mangkana, kae rak nyêrèt, timbalana bae cikbèn patagihan, mêngko mêtu kanêpsone marang saksi.

Nuwun inggih sandika.

Ngêndi manèh.

Kula nuwun, kabupatèn pulisi Klathèn, bawahipun Ngabèi Mardiarta.

Wong dhapure mangkana, kae sing kêna diarani [dia...]

--- 22 ---

[...rani] wong mata dhuwitên, hara: dhe, pijêr mikir undhake dhuwit rukun gawe bae, timbalana taksrêngênane.

Nuwun inggih sandika.

Ngêndi tunggale manèh.

Kabupatèn pulisi Kartasura bawahipun Ngabèi Dorasêmbada.

Wis aja kocatur, kae arêp tak pocot bae, wong clola-clolo mêngkana, mantrine sing kripik-kripik kae timbalana, wangune gunême ngêcuwis.

Nuwun inggih sandika.

Ngêndi tunggale iku manèh.

Kabupatèn pulisi Bayalali, bawahipun Ngabèi Wani-wani.

Hêh, hê, kae wong kêbangêtên, rupane tansah trataban bae, iba digêtaka amêsthi nunjang kowe, dhawuhna marang bupatine bae.

Nuwun inggih sandika.

Ngêndi tunggale iku manèh.

Kabupatèn pulisi Ngampèl, bawahipun Ngabèi Ngomyumphahum ing Kaliyasa.

--- 23 ---

Kowe sing luput, wong lagi kulak apyun kowèhi layang tarikan, timbalana bae banjur takrèse.

Nuwun inggih sandika.

Apa isih ana manèh.

Kula nuwun, namung kantun satunggal, kabupatèn pulisi Sragèn, bawahipun Ngabèi Kusumawicitra.

Patut yèn Si Sumacitra iku kêndhoa, awit dhêmênane mung klongkang-klongkong nêmbang gêdhe bae. Nglirwakake pagaweane kang pêrlu, timbalana cikbèn mênêng olèhe ura-ura.

Nuwun inggih sandika. Kula nuwun, ikang kalêrêsan kados botên wontên.

Bênêr, mung kowe dhewe, awit kowe baud gawe ukara.

XI. Krama Inggil

Wadana.

Bèi

Kulunun, kula.

Aku nampani dhawuh saka kapatihan, besuk [be...]

--- 24 ---

[...suk] dina Ngahad bakal ana kumisi lurung, kang iku bagianamu lurung padha pariksanên kabèh, êndi kang rusak nuli dandanana.

Nuwun inggih sandika. Kulunun Panjênêngan dalêm Kangjêng Bandara Agêng, punapa tindak mariksani piyambak.

Ayake iya tindak piyambak, awit prakara lurung kêlêbu ing panggalih pêrlu. Ing ngêndi lurung sing katon rusak dhewe.

Kulunun, namung bagian kampung Grobagan, punika ingkang sangêt risakipun.

Sing duwe bagian ngurug sapa.

Inggih kawula dalêm tiyang pangindhung ing Grobagan.

Mêngkono bae: ta, sarèhning wis tatela kèthère, tak jogane bae dhisik, supaya ora dadi duka, saiki kowe tukua wêdhi krikil sacukupe, ing buri pinikir bêcike, aja kaya sing uwis.

Nuwun inggih sandika. Kajawi parêngipun panjênêngan dalêm kiyai lurah, tiyang kampung Grobagan, badhe kula wêdalakên paos wêdhi [wê...]

--- 25 ---

[...dhi] krikil kemawon, mantun warni yatra, lumadosipun sabên wulan, pamanah kula sami pikantukipun, kula: botên tumbas wêdhi krikil, tiyang Grobagan namung mêndhêt kemawon, awit sampun gadhah grobag piyambak.

Iya prayoga mangkono bae, aku milu, nuli dhawuhna.

Inggih sandika.

XII. Krama Inggil

Kaliwon.

Mas Bèi.

Nun kula.

Aku nampani dhawuh saka panjênêngane kiyai lurah, paring wêruh besuk sasi Rabingulakir ngarêp iki: arêp kagungan damêl mantu, kiyai lurah mundhut gawene kônca panèwu mantri sagolongan.

Nun inggih sandika. Putra ingkang pundi ingkang badhe kakramakakên.

--- 26 ---

Putrane ênom saka ngarêp, Radèn Mas Sudama kae apa.

Angsal ing pundi.

Olèh putrane kiyai lurah Radèn Tumênggung Mangunonêng: kang sumêndhi, iya saka ngarêp.

Bawahanipun badhe karowa, punapa karingkês kemawon.

Mêsthine dirowa, wong putra saka ngarêp, beda karo manton dhèk taun kang kapungkur kae, mung ringkêsan bae, wong putra saka buri.

Tapaking damêl benjing punapa.

Besuk yèn wis cêdhaking gawe: bakal ana dhawuh manèh, saiki mung rumantia bae dhisik.

Nun sêndika.

XIII. Krama Desa

Majua bae: tèn.

Inggih.

Kowe apa padha slamêt.

--- 27 ---

Pangèstu sampeyan inggih wilujêng. Sowan kula nglapurakên kagungan sampeyan pantun gagi. Sapunika sampun sêpah.

Wêtune apa bêcik.

Saking bêrkah sampeyan kiyai lurah sapunika radi lumayan, tinimbang kalihan taun ingkang pêngkêr.

Sokur: ta, jagung lan kadhêlene apa durung tuwa.

Boganipun:dèrèng, dhêkêmanipun kados sapêkên êngkas: sêpah.

Pasêtrènmu kotanduri apa.

Kula dhawahi watêsan, nanging botên ngêkap, amargi kabênan pêjah sadaya.

Oo, dhèk apa anane banyu gêdhe ing kana.

Kala Jumungah Pon wulan kaping tiga.

Saiki kotanduri apa manèh.

Dèrèng kula tanêmi punapa-punapa, manah kula taksih gojag-gajêg kemawon, mangke gèk taksih wontên bêna malih.

Saiki ayake wis ora ana banjir manèh, [ma...]

--- 28 ---

[...nèh,] awit bangawane wis cilik, nuli pikirên: ta, aja nganti kokbêrakake.

Inggih sandika. Punika wau bal sampeyan tiyang èstri nyaosi angsal-angsal ulig kalihan ambêtan.

Iya bangêt panrimaku tèn, pasrahna mênyang buri bae pisan.

Inggih.

XIV. Basa Kadhaton

Nêdha kônca gamêl, titihan dalêm kuda pandêngan ingandikakake ngambili dhisik.

Kagungan dalêm têmbung punapi sampun kawiyosake.

Wikana kula boya nampèni.

Kônca anggandhèk, dhawuh timbalan dalêm, andangu sumitra dalêm sardula punapi wèntên ingkang kenging kaabên kalihan mundhing.

Ênggèh wèntên, kathahe tatiga.

Kônca srati, dhawuh timbalan dalêm, kagêngan dalêm dirada ingandikakake malanani,

--- 29 ---

bakal kawiyosake têdhak dalêm taun baru mênyang loji karesidhenan.

Ênggèh sandika.

Kula kapatêdhan curiga ing kiyai lurah dhapur pasopati.

Botên ijêngandika dhawak bêsaos, kula ugi kapatêdhan curiga ing kiyai lurah, nanging seos dhapur pasopati, dhapur nagasasra.

Kula kêpengin mêninga dêrbe ijêngandika curiga, lamun boya wèntên karya benjing-enjing tabêh gangsal sontên, kula dhatêng mrika.

Ênggèh, mênêri kula boya saos.

XV. Madya Ngoko

Bokayu, olèh dika kulak salak niku têng pundi, têka gêdhe-gêdhe têmên.

Olèh kula kulak botên têng mapagan kaya sabêne, kula lajo têng ênggone ing desa Pijenan, lakon sabêdhug saka ngomah kula.

--- 30 ---

La, layak bisa olèh gêdhe-gêdhe, wong dika bisa milih ngênggon, kula niki mung têng mapagan mawon, mulane olèh cilik-cilik. Duwèk dika niku dika tuku mintên sêjinahe.

Niki sêjinahe mung kula tuku gutuk.

Tobil, tobil, duwèk kula niki sing cilik-cilik mêkètên, botên olèh gutuk. Kula bok dika têmpili sèkêt mawon.

Ambakna wong le ora ngetung kangelan kuwi, olèh kula theyol niki napa ilang mawon, gagendhong doh ngrika doh ngriki, upami diburuhake pintên.

Ênggih kula wèhi lunggèn bokayu, sêjinahe kula tuku ngaro tèng.

Botên, nèk botên payu ngêrong uwang botên kula kulakake, ajêng kula dol dhewe mawon têng nagara, arah kula sesuk, wong saniki kula têsih kêsêl.

Ênggih êmpun ta kula tutug ngêrong uwang sêjinahe, nanging kula jaluk satus sisan,

--- 31 ---

ampun kêtanggungan olèh kula adol têng nagara sesuk, wong kula êmpun duwe lêngganan bakul.

Sakarêp dika: ta, dika milih dhewe ngriku, nanging ampun dika pèjèti.

XVI. Madya Krama

Prakawis putrane Si Sukakarsana niku pripun ta bapakne, athik sampeyan togake mawon, munyêt pijêr botohan mrika-mriki, panganggène êmpun brindhil, malah êmpun nyandhak panganggene sing sêtri.

Olèhku ora ngêtogake bae kapriye: ta, bokne, la: wong anak wis gêdhe tuwa lan wis diomah-omahake, apa disrêngêni, mêngko kêwêtu wangsulane songol, gêdhene wani, mundhak wuwuh durakane marang wong tuwa.

Anuwa niku sing kêtutuh sintên, ênggih sampeyan, diwastani tiyang sêpuh botên sagêd mulang muruk têng tiyang ênèm, ênggih êmpun sampeyan srêngêni, sampeyan papiringi [papiring...]

--- 32 ---

[...i] mawon yèn wong dhêmên ngabotohan niku botên sande anggondhil, jèh sing ragi diajrihi ming sampeyan.

Coba sesuk nèk padhang langite taktuturane.

XVII. Madyantara

E, toblas, sikakang kuwe: nèh, angèle undang-undangane. Mriki-mriki: nganti cêcêngklungên olèhku ngarêp-arêp, jêbul lagi muncul saiki.

Tiyang ing griya kathah padamêlan, sampuna kawêlingakên wantos-wantos pancèn dèrèng sagêd sowan mriki sapunika. Punapa wontên karsa sampeyan ingkang pêrlu.

Mulane diwêkasake ênggih ontên gawene pêrlu. Sisihan kula mas panèkêt Sanggung saniki poprok, êmpun sataun walêd botên asok pajêg bêras. Dhèk wingi kula ditimbali têng ki lurah bèi, diparingi wêruh layang kêkancingan saka nagara, yèn sisihan kula dipocot, ênggih saka walêde wau, niku kula [ku...]

--- 33 ---

[...la] dipundhuti jago sintên sing kêduga nyampêti walêdan, ajêng disuwunake anggêntèni dadi panèkêt ing Sanggung, saka karêp kula yèn si kakang condhong, si kakang sing ajêng kula jokake.

Gampil kemawon tiyang dipun ajêngakên dados sawung, nanging yatranipun ingkang angèl.

Wong si kakang kuwe mlêpês bae atine, ênggih ulang ulês têng sanak sadulur, lan andhindhal barang sing botên kanggo, utawa adol lêmpung.

Wontên pintên gunggunganipun paos sataun wau kalêbêt gangsal wêlasan sarta patikêlanipun.

Ayake botên adoh cukup disampêti dhuwit rong èwu rupiyah, awit pajêge sêsasi: têmpuran satus rupiyah, kurang luwih sathithik.

Kula inggih andhèrèk sampeyan ajêngakên nanging manawi kalilan anggèn kula ngisèni walêdan wau kula bayar rambah kaping kalih sapunika sapalih benjing gadhu sapalih.

Na, mêkotên: mêngke kula matur têng ki lurah, wuruk bêgjane si kakang panglawe.

--- 34 ---

...

--- 35 ---

Sêrat Kabar Jawikandha

--- 36 ---

Kaindhakaning Sasêrêpan.

Saking gagasan kula piyambak, kêrêp maos sêrat-sêrat utawi rêmên kakesahan punika, ingatasing agêsang, pancèn pêrlu sangêt. Kajawi sênêng dhatêng manah: ugi adamêl wêwahing sasêrêpan, beda sangêt katimbang kalihan tiyang ingkang botên nate maos utawi kakesahan. Tandhanipun: nalika kula taksih alit, tumut tiyang sêpuh kula manggèn wontên ing dhusun, wah kula kalêbêt lare ugungan, punapa malih manawi dolan radi têbih tiyang sêpuh kula botên pisan-pisan angsal, angsala dolan inggih muhung wontên salêbêting pakawisanipun piyambak. Mila sadangunipun tumut tiyang sêpuh kula, ingkang kula sumêrêpi botên liya namung mênapa wontênipun ing salêbêting pakawisanipun tiyang sêpuh kula piyambak. Hla sarêng kula umur watawis sadasa taun, kakesahakên saking dhusun utah rah kula dhatêng nagari, pêrlu kasêkolahakên, ing wêkdal punika rumaosing manah

--- 37 ---

kula kathah sangêt indhaking sasêrêpan, amargi kula lajêng sumêrêp dhatêng rarupèn warni-warni ingkang dhusun utah rah kula botên pisan-pisan wontên. Jêr kula kêrêp dolan dhatêng panggenan ingkang dèrèng kula sumêrêpi.

Ananging sarèhning kula punika taksih lare wah botên gumunan, dados manawi wontên samukawis ingkang anèh-anèh saha migunani, botên patos kula manah, sanajana aningalana, inggih botên kanthi kula raosakên, mila lajêng botên kèngêtan babar pisan. Hla sapunika kula sawêg rumaos kaduwung sangêt, badhe mangsuli ningali malih, dunungipun sampun kêsupèn, wêwah-wêwah saking nagari ingkang kula dunungi sapunika têbih tur sangêt, dados inggih namung mupus kemawon.

Indhaking Kasagêdan

Sampun pintên-pintên taun laminipun kangjêng gupêrmèn ngawontênakên pamulangan ing tanah Jawi, [Ja...]

--- 38 ---

[...wi,] kados ta: pamulangan calon priyantun, pamulangan calon guru, pamulangan alit saha pamulangan partikêlir sapanunggilanipun. Amargi saking punika kathah tiyang ingkang sagêd nyêrat, maos, etang tuwin kasagêdan sapanunggilanipun, kenging kangge garanipun angupa boga, kados ta: dados punggawanipun kangjêng gupêrmèn, dhatêng padamêlan partikêlir lan sapanunggilanipun. Ingkang makatên wau saya lami sangsaya kathah tiyang ingkang pintêr-pintêr, labêt pikantuk piwulang ingkang sampurna, mila ing titimôngsa punika lajêng kawastanan jaman kamajêngan (criyosipun tiyang kathah). Ananging kangge bôngsa kita Jawi sanadyan sampun majêng manawi katandhing kalihan kamajênganipun bôngsa sanès, bôngsa kita Jawi punika têka tansah dumunung ing wingking kemawon.

Kalimrahanipun para ingkang sami mêdal saking pamulangan sarana pikantuk pratôndha kacêkapanipun anggènipun sinau ing pamulangan ngriku, ingkang tamtu lajêng ngupados padamêlan, ingkang kathah-kathah sami anggayuh dhatêng

--- 39 ---

kapriyantunan. Ananging manawi sampun pikantuk ingkang dipun kajêngakên, limrahipun lajêng supe dhatêng ingkang pêrlu-pêrlu, ingkang dipun manah namung sênênging manahipun piyambak, dene sampun pikantuk balônja. Ingkang makatên wau sampun malih anglajêngakên ngupados indhaking kasagêdan yèn puruna, namung angasah kasagêdan ingkang sampun kawêngku anggènipun pikantuk saking pamulangan kemawon nama botên purun.

Mênggah anggènipun tumindak makatên wau saking pamanggih kula, botên sanès, rèhning lajêng karoban ing kakirangan, amargi balanjanipun namung sakêdhik, môngka ngupados indhaking kasagêdan punika kêdah sarana waragad, balanjanipun tansah têlas katêdha tuwin kangge sanès-sanèsipun. Dados anggènipun lajêng botên amanah angasah utawi ngudi indhaking kasagêdan punika, botên namung saking sungkan utawi botên kobêr kemawon, wosipun inggih saking anggènipun kakirangan. Dados sadintên-dintênipun botên kobêr [ko...]

--- 40 ---

[...bêr] amanah dhatêng indhaking kasagêdan, amargi tansah rinidhu ing kakirangan.

Ananging mugi ngèngêtana, kasagêdan punika kenging utawi pancèn garanipun angupa boga. Punapadene upami dêdamêl, botên nate dipun asah utawi botên nate kangge amêsthi lajêng tainên, wêkasan lajêng kêthul, dipun angge inggih botên anglêgakakên manah. Tumrapipun kasagêdan saking pamanggih kula inggih makatên, sanadyan waunipun sampun sagêd, manawi lajêng botên kangge utawi botên nate dipun èngêt-èngêt, lami-lami amasthi lajêng kêsupèn, manawi kêsupèn, rak inggih adamêl pituna, awit sanadyan barang ingkang sakalangkung rèmèh, kala-kala inggih wontên damêlipun ingkang sakalangkung pêrlu. Mila pêrlu ingatasipun kita tansah angasah kasagêdan ingkang sampun dumunung iing. jasad kita, langkung utami angupados indhakipun.

Ananging kadospundi sagêdipun tumindak, rèhning tansah ginubêl dening kakirangan, môngka [mông...]

--- 41 ---

[...ka] angasah utawi ngindhakakên kasagêdan punika kêdah kanthi waragad, kados ta: kangge tumbas pirantosipun sinau (sêrat sapanunggilanipun), punapadene kangge ambayar dhatêng guru ingkang kapurih mulang.

Mênggah ingkang makatên wau saking pamanggih kula totênbotên. nama awrat sangêt, awit wontên ugi pratikêl ingkang murih ènthènging waragad, inggih punika sarana tulung-tinulung. Saupami ing satunggiling nagari kathah para neneman ingkang kêsdu angindhakakên kasagêdan, lajêng ngawontênakên kêmpalan sarana urunan, kangge ngawontênakên pirantosipun sinau. Rèhning ingatasipun kita punika amasthi sampun pikantuk dhasar kasagêdan, kados sagêd angindhakakên kasagêdan tanpa guru (sinau piyambak), awit ingkang minôngka guru lajêng kônca-kancanipun ing salêbêtipun pakêmpalan wau sarana wulang-winulang, ing titimôngsa punika inggih sampun wontên ingkang ngawontênakên pakêmpalan makatên, ananging kathah-kathahipun botên widada, sakêdhap kemawon bibar. [bi...]

--- 42 ---

[...bar.] Makatên wau kados kemawon katarik saking sami bosênan.

Ing saupami para mudha sami karsa ngawontênakên pakêmpalan ingkang makatêmakatên. punika amasthi prayogi sangêt, karana sagêd ngasah tuwin ngindhakakên kawruh, tur waragadipun namung sakêdhik, awit dipun gotong tiyang kathah.

Jampi

Sadaya makluk punihapunika. amasthi botên wontên ingkang ngajêng-ajêng murih badanipun kaparak ing sakit, ananging sadaya amasthi angajêng-ajêng dhatêng kasarasan. Sanajan makatên punapa wontên ingkang lajêng botên kaparak ing sêsakit salaminipun. Masthinipun botên wontên. Wontênipun namung ingkang awis-awis sakit, tuwin ingkang asring sakit.

Mênggah sêsakit punika (para maos amasthi sampun sami ngawuningani) kadosdene sampun katitahakên dening Gusti Allah tumrap sadaya [sa...]

--- 43 ---

[...daya] makluk. Makatên ugi tumrap ing pambirating sêsakit wau, inggih punika jampi, ugi kadosdene sampun katitahakên dening Gusti Allah tumrap ing satunggil-satunggiling sêsakit, inggih punika: sakit anu, jampinipun punika, sakit makatên, jampinipun makatên.

Sêsakit punika botên sagêd sirna manawi botên saking dayaning jampi. Tumrapipun bôngsa kita Jawi inggih sampun kadunungan kasagêdan prakawis jampi, ananging sêmunipun kirang sampurna, awit sagêdipun wau namung sarana mêndhêt tatuladan ingkang sampun tumindak, kados ta: manawi wontên tiyang sakit wêtêng, punika dipun jampèni brambang lêmpuyang, adatipun sagêd saras. Lo, ingkang makatên punika punapa masthi. Inggih botên. Punika namung mêndhêt tatuladan ingkang sampun tumindak.

Ing sarèhning sêsakit punika warni-warni, môngka kasagêdanipun bôngsa kita Jawi punika dhatêng prakawis jampi sêmunipun kirang sampurna,

--- 44 ---

dados tumrapipun kita manawi pinuju kaparak ing sêsakit inggih radi bingung.

Dhukun Jawi inggih wontên ingkang sampun mumpuni dhatêng prakawis sêsakit dalah jampinipun, ananging awis-awis sangêt, tur têrkadhang dunungipun têbih sangêt. Dados cêkakipun ngupados dhukun Jawi ingkang sampurna kasagêdanipun punika inggih rêkaos sangêt.

Mugi kagaliha kangjêng gupêrmèn rak sampun lami sangêt anggènipun amaringi pitulungan dhatêng kawulanipun ing India Nèdêrlan ngriki, inggih punika ngawontênakên dhoktêr Walandi miwah Jawi. Para maos rak inggih sampun sami wuninga yèn dhoktêr punika satunggiling tiyang ingkang sampun putus dhatêng prakawis sêsakit dalah jampinipun.

Ananging tumrapipun têtiyang alit, manawi pinuju kaparak ing sêsakit, punika manawi badhe dipun jampèni dening dhoktêr, kathah-kathahipun sami botên purun (ajrih) punapadene manawi kapurih manggèn ing griya sakit, punika sangsaya anggènipun mantêp botên [bo...]

--- 45 ---

[...tên] purun. Awit rumaosipun, wontên ing griya sakit punika prasasat dipun kunjara. Môngka saking karsanipun dhoktêr mila dipun purih manggèn ing griya sakit punika, supados gampila anggènipun angupakara tur sagêd kasat mata ing sabên dintên.

Tumrap ing anggènipun anjampèni dhoktêr punika mila inggih katingal amirisakên manah, kadosta: upaminipun sakit tatu, punika sasumêrêp kula manawi caranipun para dhoktêr, anggènipun angupakara, sabên enjing sontên tatu wau dipun kumbah lajêng dipun santuni jampi enggal, makatên salajêngipun ngantos tatu wau saras, mila nalika dipun kumbah wau inggih sakit sangêt. Ananging mugi kagaliha, sakitipun wau rak namung sakêdhap, tur lairipun rak tumuntên saras. Wangsul dhukun Jawi, saupami sakit tatu, punika adatipun lajêng dipun jampèni kados adat ingkang sampun kalampahan, mawi dipun kanthèni

--- 46 ---

japa jampi wau sasampunipun dipun trapakên, ngantos pintên dintên botên dipun santuni. Makatên wau tumrapipun ingkang sakit inggih bingah, awit sêsakitipun botên nate dipun upakara (dados botên nate ananggung sakit ingkang sangêt) ananging tumraping sêsakitipun, saya lami amasthi sangsaya mindhak wiyar miwah lêbêtipun, awit tatu wau lajêng angêmu nanah, nanah wau amêsthi nêdha daging, utawi rumasuk dhatêng margining rah. Saking cariyosipun para sagêd, manawi rah wau kawoworan nanah sadaya rah ing badan kadosdene kenging racun, tandhanipun, tiyang sakit tatu punika manawi sampun sangêt, badanipun lajêng katingal angêmbuk-êmbuk, cahyanipun pucêd, punapadene kathah ingkang lajêng kacandhak ing sêsakit bêntèr, lan sapanunggilanipun. Sêsakit ingkang makatên wau kala-kala sagêd ugi anjalari singlaring yitma saking raga.

Mila saking pamanah kula pêrlu ingatasipun kita, manawi kaparak ing sêsakit, sampun katalompèn tumuntên nêdha pitulunganipun dhoktêr,

--- 47 ---

supados sêsakit kita wau botên tangkar-tumangkar.

Kala-kala inggih wontên sêsakit ingkang dipun upakara dening dhoktêr, ananging sampun watawis lami dèrèng saras. Makatên punika botên anggumunakên, awit limrahipun ingkang kalampahan makatên punika sêsakit ingkang sampun kasèp, awit kalimrahanipun bôngsa kita Jawi punika manawi kaparak ing sêsakit, dèrèng purun nêdha pitulunganipun dhoktêr manawi para dhukun Jawi dèrèng tobat, (botên sagêd anjampèni), manawi jampi-jampi sampun botên tumama, punika nêmbe èngêt nêdha pitulunganipun dhoktêr. Lah: anggènipun nêdha pitulungan dhatêng dhoktêr wau sêsakitipun rak sampun kasèp. Sadaya-sadaya punika manawi sampun kasèp rak inggih rêkaos.

Lah tumrapipun ingkang adêdunung ing nagari (kitha), dados cêlak kalihan dhoktêr inggih sakeca, awit saupami sawanci-wanci kaparak ing sêsakit, lajêng tumuntên sagêd pikantuk pitulunganipun dhoktêr. Wangsul ingkang

--- 48 ---

têbih-têbih kadospundi, saking pamanggih kula, sanajan ingkang cêpak utawi têbih kalihan padununganipun dhoktêr, kados prayogi saupami sami sêdhiya jampi, ananging ingkang kasêdhiyakakên wau kêdah ingkang kita sampun kulina, supados kita botên uwas anamakakên, kados ta: lisah kajêng pêthak, pêrmèn lan sapanunggilanipun, pêrlunipun kita sêdhiya jampi wau, saupami kita sawanci-wanci kaparak ing sêsakit, ingkang kita sampun kulina, punika kita sagêd anjampèni piyambak, ngangge jampi ingkang kasêdhiyakakên wau. Awit saupami botên sadhiya ingkang tamtu inggih bingung, pungkasanipun inggih lajêng nanêdha dhatêng tôngga-tôngga. Inggih manawi pinuju dhangan utawi pinuju gadhah, manawi botên kadospundi, rak inggih sangsaya ribut, dene manawi kita kaparak ing sakit ingkang kita dèrèng kulina, inggih sagêd angaturana dhoktêr.

Wasana sadaya-sadaya wau awon sae lêrês lêpat, mung nyumanggakakên.

--- 49 ---

Raosing Manah

Kita sadaya punika limrahipun sampun botên kèngêtan nalika alitipun (wiwit dipun lairakên dumugi umur 5 minggahipun 6 taun), saupami kangêtan inggih namung lamat-lamat kemawon, nalika samantên tartamtu mèh botên wontên ingkang manah, kajawi anggènipun badhe bingah-bingah. Susahipun manawi pinuju dipun cêblèki, nêdha yatra botên pikantuk, wêtêngipun luwe (pun êmbok anggènipun bêthak dèrèng matêng, sawêg mususi, sawêg nêmpur, utawi sawêg anggagas ngupados sambutan) tilêm sagêd sakeca, nêdha ngraosakên eca, sadintên-dintên tansah mungkul anggènipun dolan tuwin dolanan kemawon. Mantukipun saha lèrèhipun manawi pinuju badhe nêdha utawi badhe tilêm, sandhanganipun awon inggih botên ngrêsula. Sarêng sampun andungkap umur 7 taun, kathah-kathahipun lajêng lumêbêt sêkolah: hla: samangke sawêg ngraosakên susah ragi kathah.

--- 50 ---

I. Dhatêngipun ing pamulangan kasèp, sumêlang manawi dipun dukani gurunipun.

II. Karipan, margi dalunipun ningali, kawatos manawi ngantuk.

III. Botên apil, mêsthi dipun ukum.

IV. Botên sagêd anggarap garapanipun, dados lêpat inggih ngrêsula.

V. Wulan Ruwah ngajêngakên wulan Siyam ngraosakên inggah-inggahan, sumêlang manawi botên katut minggah, sadaya rak ngêmu susah.

Mindhak agêng saya kathah malih, andukapandungkap. umur 10 taun sampun bribik-bribik brai sandhang, isin manawi sandhanganipun awon, mêdal saking pawiyatan angraosakên anggènipun badhe ngupa pakaryan. Limrahipun ingkang sampun sagêd nyanyêrat, suthik dhatêng padêmalan kasar, èsthining manah anjokaanjôngka. dhatêng kapriyantunan, hla, inggih lajêng magang makgalundhêng pintêna manawi wontên ingkang ambombong, tuwin wêdalan pamulangan agêng (cêpak dadosipun). Sarêng babaran pamulangan sarupiyah,

--- 51 ---

satangsul, sakêthip, harak badhe kapitunan. Jaman samangke ngangkah drajat kapriyantunan punika, tangèh sagêdipun kêlêksanan, wontên ingkang mungêl bêgjanipun manungsa botên kenging kinaya ngapa, magang sataun tarkadhang sampun bênum, botên dados sataun inggih kalih, tiga, sakawan, gangsal ... taun, ugêr dipun tlatosi kemawon lami-lami inggih dados, ujaripun tiyang sêpuh: siyam masthi wontên riyadinipun, pancèn inggih lêrês, nanging gèk pintên taun kemawon anggènipun siyam (magang) kathik sanginggilipun pintên tumpuk magang ingkang sêpuh-sêpuh, sadaya sami dèrèng pikantuk padêmalan, dados salêbêtipun magang tansah nêdha manah ngraosakên rudahing manahipun, saya lami mindhak wêwah-wêwah. Punapa malih padamêlan dhinês, tiyang partikêlir kemawon sampun rêkaos sangêt angsaltipunangsalipun. ngrika-ngriki sami rêbatan, rêbat sakêdhik bayaranipun, têmtunipun ingkang dados ingkang purun dipun blônja sakêdhik (mayarakên tuwanipun) padamêlan satunggil dipun [di...]

--- 52 ---

[...pun] rêbat tiyang 5, 6, têrkadhang langkung. Saking kathahipun ingkang ngupados, sakêdhikipun pakaryan, ngantos sami kesah nagari wutah rahipun. Tiyang nagari S. dhatêng B. tiyang nagari P dhatêng S. Tiyang nagari B. dhatêng P. Harak lud-ludan kemawon, kadospundi sagêdipun pikantuk.

Botên ngêmungakên pakaryan alus kemawon, dalah ingkang kasar inggih sami rêbatan, liripun para kriya ngrika purun dipun bêrahi sêka, ngriki ngandhapi kawan kêthip, ngriku ngêsori malih satangsul, mila ingkang garapanipun trus sae botên pajêng, dening botên purun dipun blônja mirah-mirahan, saking awratipun ngupadosakên anakipun, botên sagêd budi malih lajêng dipun têmah, sampun masthi kemawon salêbêtipun nindakakên karya botên sagêd sênêng manahipun, dene blanjanipun botên kurup kalihan awiging pakirtyanipun, saha rakaosipun saya binglêng manawi mirêng wontên kancanipun ingkang nyambut damêl sanès praja, kasagêdanipun kapetang sami, [sa...]

--- 53 ---

[...mi,] nanging blanjanipun ngungkuli, wêwah-wêwah bilih kasagêdanipun kapara sangandhapipun, sampun layak kemawon ing batos mèri, kakênthêlaning manah badhe nusul kancanipun punika melik blônja kathah. Kadadosan nyuwun mêdal, wusana kapintên, botên katampèn, dening sampun botên wontên padamêlan sanès, wangsul dhatêng tuwanipun lami katampik, harak cilèmèt: (amburu ucêng kelangan dêlêg) saya ngênês.

Ingkang kacêtha ing nginggil punika sadaya manah dhatêng padamêlan, samangke manah sanès malih. Limrahipun bôngsa kita punika yèn jalêra ingkang ginadhang-gadhang namung sagêda dados priyantun saha rabi ayu. Beda kalihan bôngsa kulit pêthak. Kathah kemawon ingkang rabinipun punika dèrèng pikantuk padamêlan, kapêksa saking kajêngipun tiyang sêpuh, utawi pancèn kapengin rabi. Nalika ngangkatipun rabi punika kemawon sampun ngraosakên prihatos, margi ngwontênakên sandhangan warni-warni kathik enggal sadaya, pintêna manawi tiyang sêpuhipun [sêpuhi...]

--- 54 ---

[...pun] sugih, balik miskin, inggih lajêng nrimah, kandhêg anggagas barang ingkang dipun pengini. Kêdadosan rabi dhêl, lami-lami mêdal anakipun satunggil, kalih, ... dèrèng pikantuk padamêlan, adhuh, saiba raosing manahipun manawi dipun tangisi anakipun nêdha yatra utawi luwe nêdha sêkul, saya ngênês, mindhak agêng mindhak kathah malih bekaning anakipun, nêdha anu-anu, yèn èstri nêdha sêngkang, kalung, gêlang. Yèn jalêr nêdha: sêkolah Walandi, nêdha sandhangan ingkang brêgas-brêgas, agêng malih nêdha rabi (rèwèl).

Yêktosipun anak punika dados kabingahanipun tiyang ngalam donya, mila sinêbut: woding ati, tuntunging ati, maniking mata, dados dipun upamèkakên peranganing sarira ingkang agêng sangêt pigunanipun. Pramila sanajan pun anak punika cacada kadospunapa, tiyang sêpuhipun inggih trêsna kemawon, dipun wada ing sanès inggih sêrik manahipun, punapa malih ingkang sipat janma, sato punika kemawon katingal sangêt sih trêsnanipun [trêsnani...]

--- 55 ---

[...pun] dhatêng wêkanipun, tôndha yêktinipun, sagawon, menda, lêmbu, mesa, ayam, ingkang sami pinuju gadhah anak enggal, môngka lajêng dipun cêlaki kewan sanèsipun utawi tiyang, sêmu-sêmunipun lajêng badhe lumawan, yèn anakipun botên wontên, kêkitrang sangêt anggènipun ngupadosi.

Tiyang bingah manawi anakipun ingkang umur 6 taun mangandhap, dipun kabarakên nakal, ananging susah sangêt manawi kabar wau tumrap anakipun ingkang sampun umur 18 taun manginggil, inggih botên gadhah utawi sêngit, namung nguwatosakên manawi anakipun manggih bancana utawi lajêng mursal, labêt saking nakalipun, upami wontên tiyang gadhah anak kathah sami cêpêng damêl sadaya tur botên wontên kabaripun awon, bokmanawi bingahipun pun bapa punika ngungkuli tiyang ingkang mênang lotre satus èwu utawi tiyang sugih sangêt, nanging sêpên anak, yèn ta gadhah anak dèrèng sami mratak.

Dumugi umur sêpuh saya botên kantên-kantênan ingkang dipun manah, ngraosakên badhe

--- 56 ---

tumbas anu dèrèng nyêpêng yatra. Anakipun ingkang wontên anu sakit sangêt, putunipun èstri ingkang nama anu tilar, e, anakipun wuragil kêpandungan têlasan, andungkap umur widakan utawi pitung dasanan rumaos manawi ngajêngakên mantuk dhatêng jaman akir (yèn tanpa begalan) kêduwung dene piyambakipun dèrèng sagêd alif bengkong. Kathah-kathahipun lajêng sinau malih (ngaos, sêmbahyang) pêrlu kangge sangu dhatêng akerat, ing dintên Jumungah dhatêng masjid, kalung andhuk ngangge trumpah, katingal gagah (kèngêtan ênèmipun). o.

Kawontênanipun Margi ing Pakampungan

Ing môngsa punika môngsa rêndhêng, sang hyang riris akanthi sang hyang pawana, sabên-sabên tumêdhak, andadosakên cuwaning para klintong, ananging andadosakên bingahipun pak jugil (aliyas pandung). Para tiyang manawi ing wanci dalu kathah ingkang ajrih miris saha sumêlang. Prikônca jagawèsthi kathah ingkang aras-arasên anglampahi padêmalanipun, ananging [ana...]

--- 57 ---

[...nging] sarèhning sampun dados bêbahanipun angrumêksa tata têntrêming nagari, sanadyana jawah, kêthiklik-kêthiklik inggih tumindak. Mamêlas. Ewasamantên panjagining pakampungan, mase pasirahing kampung sakidulkilènipun kampung Natakasuman, tledhor sangêt. Rak inggih ta mas pasirah. Lo kathik mênêng bae. Pancèn wis nyata iya mênêng bae.

Mangke kula gancarakên inggih mas pasirah. Iya ta sakarêpmu. Kula punika sabên-sabên nganglang wontên ing karerehan sampeyan, rak namung tansah pêgêl dhatêng manah thok-thok: la, tiyang ingatasing pakampungan manawi ing wanci dalu têka pêtêng dhêdhêt kados wontên satêngahing wana. Pêtênging pakampungan wau botên margi saking kathahing wit-witan, ananging saking awising ting.

Môngka gajêg-gajêgipun kangjêng parentah agêng asring andhawuhakên dhatêng sadaya kapala kampung, supados karerehanipun manawi ing wanci dalu sami pasang ting wontên salêbêting pakarangipun piyambak-piyambak, rak inggih èstu

--- 58 ---

wontên dhawuh makatên, ta: radèn midhê rêdhaktur.§ Kula botên têrang. Manawi saèstu wontên dhawuh ingkang makatên wau, bok inggih kula aturi nindakakên, supados ing têmbe tinêbihan ing dursila. Mangke manawi tinêbihan ing dursila, rak kantun nyakecakakên sliranipun. Ananging inggih sampun anggalih ting kemawon, pagêr-pagêr inggih kagaliha pisan, sampun kakèndêlakên kemawon, mangke kangge margi kuwuk sirahipun cêmêng. Kojur tênan ane mas pasirah ki, gèk ana-ana bae. Hla wong klangênane bae. Hara ta: mukira: ha! ha! ha!

Huk dhrodhug, kaya dhalang, botên ngamungakên margi ing pakampungan kemawon, manawi môngsa rêndhêng sami jêblog aleyak-leyok, sanajan margi agêng inggih kathah ingkang makatên, ingkang makatên wau sampun limrahipun siti manawi kajawahan dados leyak-leyok, mila sanajan ing dalêm Sêrat Pawartos [Pawar...]

--- 59 ---

[...tos] Jawiiswara saha Jawikandha ngriki, asring ngamot panjurung karisakanipun margi ing Surakarta, jalaran saking kêjawahan, punika botên pisan-pisan kula gumuni. Ananging sanajan kula botên gumun kala-kala katuwuhan ing pangrêsula.

Kados nalika êmbèn punika, wanci jam sêtêngah pitu sontên, kula mlampah-mlampah pêrlu nginggar-inggar manah, sarêng lampah kula dumugi ing krêtêg lèpèn Larangan sakidul pêkên Singasarèn, lampah kula badhe kula lajêngakên mangidul radi awang-awangên, awit marginipun katingal radi jêblog, ananging sarèhning kula èngêt manawi gadhah mitra manggèn wontên ing kampung Kratonan, ingkang sampun lami botên kula sanjani dados niyating manah kula badhe kula sanjani. Lampah kula urut pinggir, milih panggenan ingkang gasik, sarêng lampah kula dumugi ing wetaning dalêmipun Radèn Ngabèi Kartapra ... radi kêpiring kidul, mripat kula kacolok ing panging wit asêm, sarèhning ngraosakên pêgêl, dados ngantos dangu anggèn [ang...]

--- 60 ---

[...gèn] kula kèndêl wontên ing ngriku. Samantuning mripat kula wit asêm wau kula iling-ilingi jêbul pangipun sami anjlamprah ngantos mèh dumugi ing siti.

Kalêrêsan mitra kula ingkang badhe kula sanjani wau, saking kidul, cariyosipun badhe mlampah-mlampah, dados lajêng kula jak, mlampah-mlampah pisan, sadangunipun kula mlampah, kula tansah angiling-ilingi wit-witan ing sapinggiring margi wau. Kok jêbul mèh sadaya pangipun sami anjlamprah, ngalang-alangi tiyang ingkang sami langkung. Malah saking cariyosipun mitra kula: sadaya tiyang ingkang sami langkung ing ngriku ing wanci dalu, kathah ingkang sami ngrêsula, pangrêsulanipun wau amargi ingkang kathah sami kacolok ing panging wit asêm ingkang anjlamprah wau.

Wasana saking pamuji kula, mugi kangjêng parentah agêng anggaliha ingkang dados pangrêsulanipun tatiyang ingkang sami langkung ing margi wau.

Pun Sidipramana.

Kula sampun maos sêratipun Mas Sidipramana [Sidipra...]

--- 61 ---

[...mana] ing Jawikandha ôngka 8 anyariyosakên manawi sawêg sawatawis dintên punika wanci jam satêngah pitu sontên, sariranipun badhe dhatêng ing kampung Kratonan, lampahipun mêdal pinggir margi, wasana jêbul tingalipun kêcolok êpanging uwit asêm ingkang tumancêp wontên pinggir margi sawetaning dalêmipun Radèn Ngabèi Kartapra ... ragi iring kidul, amargi pangipun sami anjlamprah ngantos mèh dumugi ing siti, sarta Mas Sidipramana ngandika: manawi wit-witan sapinggiring margi ngriku wau mèh sadaya pangipun sami anjlamprah ngalang-alangi tiyang ingkang sami langkung. Sapanunggilanipun.

Wiyosipun Mas Sidipramana, mênggah anggèn sampeyan ngandika kêcolok panging wit asêm punika têka nama andupara sangêt, amargi panging uwit asêm ingkang tumancêp wontên pinggir margi sawetaning dalêmipun Radèn Ngabèi Kartapra ... ragi iring kidul wau, kula ukur wiwit siti dumugining êpang ingkang sampeyan ngandikakakên anjlamprah, punika inggilipun wontên satunggal mètèr langkung sawidak gangsal [gang...]

--- 62 ---

[...sal] dim, dêdêgipun tiyang ingkang limrah lah punapa inggih wontên ingkang inggilipun wiwit suku dumugi mripat ngantos satunggal mètêr langkung sawidak gangsal wau. Masthi awis-awis, amila kula purun mastani yèn pangandika sampeyan wau andupara, kilap manawi sampeyan pinuju ngagêm kêthèklèk ingkang inggilipun satêngah mètêr, tamtu kemawon inggih kêcolok panging uwit asêm yêktos, nanging sintên ingkang lêpat, kagaliha piyambak.

Mas Sidipramana, mugi kauningana, uwit asêm ingkang tumancêp wontên pinggir margi sawetan ing Karta ... tuwin sakidulipun malih, punapadene ingkang tumancêp wontên sawetan margi, punika sampun lêrês kemawon, manawi pang-pangipun taksih sami kêtingal andhap (nanging botên pating jlamprah kados pangandika sampeyan) amargi uwit asêm wau taksih nama ênèm, dede uwit asêm kawak, masthi kemawon êpang tuwin godhongipun sami andhap-andhap anggrêmbêl, amargi dêlêgipun dèrèng nama agêng inggil utawi sêpuh, manawi [ma...]

--- 63 ---

[...nawi] uwit asêm ingkang taksih nèm, pangipun botên suka kêtingal andhap-andhap anggrêmbêl (kêdah dipun rampasi), punika saking pamanggih kula sagêd anjalari dados gêngringipun wit asêm, tur nyuda asrining polatan, ingkang pantês sinruwe wontên ing dalêm pustaka warti, punika manawi wit-witan ingkang sakintên nyumêlangi, kados ta: dhoyong, growong, utawi ingkang kêtingal inggil sagêt, utawi ingkang makèwêdi damêl sundhul lampahing kreta, grobag sasaminipun, hla: punika wajib sinruwe, wangsul uwit asêm ing ngriku taksih nèm, botên damêl sumêlang utawi botên makèwêdi, têka sampeyan ngandikakakên pating jlamprah ngalang-alangi tiyang langkung, lah punapa botên nama sulaya, dene yèn tiyang ingkang langkung ing ngriku rumaos dipun alang-alangi êpanging uwit asêm, punika kenging kula wastani maha langkung sandhing tanggul, imbuh mawi numpak turôngga utawi pit. tamtu kemawon inggih makgabrus kêsundhul êpanging uwit asêm ingkang taksih nèm wau.

--- 64 ---

Aluwung turus asêm satunggal uwit ingkang tumancêp wontên pinggir margi sakidul wetaning griyanipun Ngabèi Kartapiyoga punika pantês dipun rampas pangipun ingkang sisih wetan, amargi kêtingal angrompyoh tur dêdêgipun sampun nama agêng. Ananging kauningana, bab punika priyantun ingkang wajib sampun darbe atur ing parentah nyuwun rampasipun, ananging sanajan ngrompyoh punika inggih mêksa botên sagêd nyolok mripat.

Wusana gèsèhing êpang asêm punika mugi sampun ngantos nuwuhakên sulaya, margi kula namung matur ing salêrêsipun.

Dibyawiraya

--- 65 ---

Sêrat Babad Tanah Jawi

--- 66 ---

Punika sajarahipun para ratu ing tanah Jawi, wiwit saking Nabi Adam, apêputra Sis, Êsis apêputra Nurcahya, Nurcahya apêputra Nurasa, Nurasa apêputra Sang Hyang Wêning, Sang Hyang Wêning apêputra Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Tunggal apêputra Bathara Guru, Bathara Guru apêputra gangsal, anama Bathara Sambo, Bathara Brama, Bathara Mahadewa, Bathara Wisnu, Dèwi Sri. Bathara Wisnu wau jumênêng ratu wontên ing pulo Jawi, ajêjuluk Prabu Sèt. Kadhatonipun Bathara Guru anama ing Suralaya.

Kacariyos nagari ing Gilingwêsi, wontên ingkang jumênêng ratu ajêjuluk Watugunung, garwanipun kêkalih, satunggil nama Dèwi Sinta, kalih Dèwi Landêp. Putranipun pitu likur, sami kakung sadaya, anama Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Môndhasiya, Julungpujud, [Ju...]

--- 67 ---

[...lungpujud,] Pahang, Kuruwêlut, Marakèh, Tambir, Mêdhangkungan, Maktal, Wuye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, sami patutan saking Dèwi Sinta.

Kala samantên nagari ing Gilingwêsi kadhatêngan gagêring agêng, kathah têtiyang alit ingkang sami risak, sarta awis têdha, asring wontên grahana srêngenge utawi grahana rêmbulan, jawah salah môngsa, lindhu kaping pitu sadintên. Punika sadaya anjalajati yèn nagari ing Gilingwêsi badhe risak. Prabu Watugunung sakalangkung susah ing galih aningali risakipun ingkang abdi. Sang nata sarean wontên ing kanthil gadhing. Garwanipun ingkang nama Dèwi Sinta angulik, aningali yèn sang nata ciri mastakanipun buthak, matur pitakèn ingkang dados sababipun. Sang prabu anyêrêpakên, yèn kalanipun taksih lare ingkang ibu sawêg angi, sang nata mothah, lajêng dipun gitik ing enthong ngantos mêdal rahipun, lajêng kesah sapurug-purug.

Dèwi Sinta kagèt sangêt, botên sagêd [sa...]

--- 68 ---

[...gêd] ngandika amiyarsakakên pangandikanipun sang prabu, kèngêtan putranipun, ingkang kesah lajêng botên mantuk-mantuk, amargi dipun gitik ing enthong, tètès kalih cariyosipun sang nata, sangêt susah ing galihipun, awit kagarwa dhatêng ingkang putra piyambak, ambudi marginipun sagêd uwal saking sang nata. Sarèhning dangu kèndêl kemawon, kadangu ingkang dados sababipun. Dèwi Sinta matur yèn sadangunipun kèndêl, anggalih jangkêping kaluhuranipun sang nata, namung kirang saprakawis. Kirangipun punika, dene sang nata dèrèng krama widadari ing Suralaya. Ciptanipun Dèwi Sinta, bilih sang nata anglamar widadari ing Suralaya, amasthi dados pêrang, sang nata anêmahi seda, punika marginipun badhe uwal saking ingkang raka. Prabu Watugunung sarêng dipun aturi makatên, lajêng sumêdya nginggahi ing Suralaya anglamar widadari, enggal andhawahakên parentah dhatêng para punggawa sarta dhatêng putranipun pitu likur wau angêrig prajuritipun, sang nata bidhal dhatêng ing Suralaya.

--- 69 ---

Sarêng Bathara Guru mirêng yèn ratu ing Gilingwêsi badhe nginggahi ing Suralaya, lajêng animbali para dewa, sami dipun tantun purun akalihan botênipun amêthukakên Prabu Watugunung. Sadaya aturipun ajrih. Anuntên Sang Hyang Narada asuka rêmbag dhatêng Bathara Guru, animbalana ingkang putra Bathara Wisnu, awit liyanipun Bathara Wisnu kadugi botên wontên ingkang kuwawi mêngsah Prabu Watugunung. Bathara Guru parêng.

Bathara Wisnu akalihan ingkang putra sami mêdal saking kadewatan, badhe amêthukakên Ratu Gilingwêsi. Sarêng kapanggih ajêng-ajêngan kalih Prabu Watugunung, sang nata anantun dhatêng Bathara Wisnu, botên susah pêrangan, manawi sagêd ambadhe cangkrimanipun, sang nata ngawon, suka lila dipun pêjahana. Nanging bilih botên sagêd ambadhe, para dewa ing Suralaya sami nungkula, amasrahna sakathahing widadari badhe kadamêl garwa. Bathara Wisnu amarêngi [a...]

--- 70 ---

[...marêngi] ingkang dadodados. panantun punika. Sang nata lajêng mangandikakakên cangkrimanipun: ana wit adhikih adhakah wohe, ana wit adhakah adhikih wohe. Cangkriman punika kajawab dening Bathara Wisnu: wit adhikih adhakah wohe punika samôngka. Wit adhakah wohe adhikih wringin. Sang nata botên sagêd ngandika, rumaos kajawab cangkrimanipun, lajêng dipun cakra dhatêng Bathara Wisnu, pêgat jangganipun, sakathahing balanipun sami ngisis, bibar mantuk sadaya.

Sasedanipun Prabu Watugunung Dèwi Sinta sangêt amuwun, andhatêngakên gara-gara ngantos dumugi ing Suralaya, andadosakên susahipun para dewa. Bathara Guru andangu dhatêng Sang Hyang Narada ingkang dados sababing gara-gara. Sang Hyang Narada anyêrêpakên, yèn wontênipun ing gara-gara awit saking pamuwunipun Dèwi Sinta, prihatos amargi pêjahipun Prabu Watugunung. Bathara Guru lajêng dhawah dhatêng Sang Hyang Narada anuruni Dèwi Sinta, amuriha kèndêlipun muwun, sarta anyagahana [a...]

--- 71 ---

[...nyagahana] yèn ing dalêm tigang dintên Sang Prabu Watugunung badhe dipun gêsangakên malih, katurunakên sarta jumênêng ratu wontên ing Nagari Gilingwêsi malih. Sang Hyang Narada lajêng andhawahakên pangandikanipun Bathara Guru dhatêng Dèwi Sinta. Dèwi Sinta lajêng kèndêl muwun, gara-gara agêng wau inggih tumuntên ical. Sarêng dumugi ing tigang dintên Prabu Watugunung botên katingal rawuh, Dèwi Sinta lajêng muwun malih, andhêdhatêngakên gara-gara, sangêtipun angungkuli ingkang sampun kalampahan. Bathara Guru andangu malih dhatêng Sang Hyang Narada ingkang dados sababing gara-gara. Sang Hyang Narada matur yèn ingkang adamêl gara-gara punika inggih Dèwi Sinta ugi, awit sampun dumugi ing wêwatêsan tigang dintên, Prabu Watugunung dèrèng wangsul dhatêng ing nagari ing Gilingwêsi. Bathara Guru lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang Narada anggêsangakên Prabu Watugunung, sarta angantukakên dhatêng nagari ing Gilingwêsi.

Sarêng Prabu Watugunung sampun dipun gêsangakên dhatêng Sang Hyang Narada, kadhawahan wangsul dhatêng

--- 72 ---

nagari ing Gilingwêsi, botên purun, awit sampun karaos wontên ing swarga, panyuwunipun, ingkang garwa sakalihan kalih ingkang putra sadaya mugi kainggahna dhatêng swarga, nunggila kalih sang nata. Bathara Guru amarêngi panyuwun punika, lajêng andhawahakên parentah anginggahakên dhatêng swarga garwa akalihan para putranipun, pamêndhêtipun saking satunggil-satunggil sabên Ngahat. Punika wiwitanipun wontên wuku tigang dasa.

Saking aturipun Sang Hyang Narada dhatêng Bathara Guru, Bathara Wisnu katurunakên dhatêng marcapadha: dados ratunipun ing lêlêmbat, angêrèhakên wolung panggenan, ing rêdi Marapi: ing Pamantingan, ing Kabarehan, ing Lodhaya, ing Kuwu, ing Wringinpitu, ing Kayulandheyan, ing Roban.

Bathara Brama katurunakên dhatêng Marcapadha jumênêng ratu wontên ing nagari ing Gilingwêsi, anggêntosi Prabu Watugunung.

--- 73 ---

Sarêng sampun agêng Mas Karèbèt nuntên kabêkta dhatêng Nyai Rôndha ing Tingkir, wontên ing ngriku dipun ugung sakarsanipun. Dhasar Nyai Rôndha ing Tingkir sugih mas picis, keringan ing tôngga desa. Mas Karèbèt wau dados katêlah nama Ki Jaka Tingkir, solah pikajênganipun sanès lan lare kathah, rêmên anênêpi dhatêng ing rêdi utawi ing wana-wana tuwin guwa ngantos sadasa dalu tuwin satêngah wulan. Ingkang ibu asring kaicalan sarta prihatos sangêt, dene ingkang putra botên kenging dipun cêgah gènipun saba wana tuwin rêdi.

Pinuju satunggiling dintên Ki Jaka Tingkir mantuk lajèng rinangkul dhatêng ingkang ibu sarwi ngandika: thole, kowe aja dhêmên saba ing gunung, wruhanamu wong kang padha tapa ing gunung iku isih kapir, durung anut agamane kangjêng nabi, luwih bêcik anggêgurua marang wong mukmin. Ki Jaka lajêng nyuwun pamit, badhe anggaguru dhatêng tiyang mukmin. Ingkang ibu inggih anglilani, Ki Jaka nuntên mangkat ijèn ngalèr ngetan anjog ing Sela, badhe anggêguru [anggêgu...]

--- 74 ---

[...ru] dhatêng Ki Agêng Sasela. Ki Agêng ing Sasela rêsêp aningali Ki Jaka Tingkir, lajêng kapêndhêt putu, ingugung sakarsanipun. Wontên ing ngriku Ki Jaka rêmên angringgit, sarta sampun misuwur sagêdipun angringgit, Ki Agêng ing Sasela sangsaya wêwah sihipun. Ki Jaka botên kenging pisah, utawi yèn Ki Agêng ananêpi, Ki Jaka inggih kabêkta.

Yêktosipun Ki Agêng Sela punika sagêd anyamur lampah, ing batos sangêt panêdhanipun ing Allah, supados sagêda anurunakên para ratu ingkang amêngku ing Tanah Jawi, awit Ki Agêng rumaos, yèn trahing Brawijaya ing Majapait. Kala samantên Ki Agêng Sasela sampun pitung dintên pitung dalu gènipun wontên ing gubug, pagagan wana kang enggal binubak, prênah salèrwetaning Tarub, kawastanan wana ing Rèncèh. Ing wanci dalu Ki Agêng sare wontên ing ngriku, Ki Jaka Tingkir tilêm wontên ing dagan, Ki Agêng Sela supêna dhatêng wana anyangking kudhi badhe babad. Katingal salêbêting supêna Ki Jaka Tingkir sampun kapanggih [kapang...]

--- 75 ---

[...gih] wontên ing wana, sarta sakathahing kêkajêngan sampun sami rêbah, kasèrèdan dhatêng Ki Jaka Tingkir. Salêbêting supêna Ki Agêng eram sangêt, nuntên kagèt wungu saking gènipun sare. Ki Jaka Tingkir taksih tilêm wontên dagan, lajêng ginugah, Ki Agêng pitakèn: thole, sasuwene aku turu kowe apa ora lunga. Wangsulanipun Ki Jaka: botên. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangêt gènipun gagêtun, rumaos yèn supêna, ngandika salêbêting galih: gêtun têmên impènku, dene bangêt têmên gonku duwe panêdha ing Allah, ing salawase durung pinaringan ngalamat mêngkono, bocah iki kang ora duwe panêdha ing Allah parandene têka pinaringan ngalamat kang kaya mêngkono. Ki Agêng lajêng pitakèn dhatêng Ki Jaka: thole, saelingmu kowe biyèn wis ngimpi apa. Ki Jaka Tingkir matur balaka: kala kula tirakat dhatêng ing rêdi Telamaya rumiyin, wontên ing ngriku kula ing dalu tilêm sarta supêna katiban rêmbulan. Sanalika punika ugi rêdi ing Telamaya mungêl gumludhug, [gumlu...]

--- 76 ---

[...dhug,] kula lajêng tangi. Punika kadospundi ing wahananipun. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah, sangsaya ngungun, ciptanipun, yèn ta sampuna ajrih ing Allah, Ki Jaka kados dipun purih ing cilakanipun. Nanging Ki Agêng sumêrêp, yèn papêsthèning Allah punika botên kenging dipun tarekah ing tatiyang. Ki Agêng nuntên ngandika: thole, kowe aja takon wahanane impènmu, wis ngaluwihi bêcike, ya iku ratu-ratuning impèn. Dene pituturku marang kowe, ing saiki kowe ngawulaa marang ing Dêmak, ing kono manawa katêmu wahanane impènmu, aku anjurungi pandonga bae. Ki Jaka matur: kawula sandika anglampahi saking dhawah sampeyan, sarta kula pundhi-pundhi ing salaminipun. Ki Agêng ngandika malih: iya thole, gonku kurang mangan turu iki muga tinêmua marang kowe, nanging thole, ing buri turunku kênaa anyambungi ing wahyumu. Ki Jaka aturipun sumôngga. Ki Agêng Sela mirêng aturipun Ki Jaka sakalangkung lêga ing galihipun sarta akathah-kathah pawulangipun dhatêng [dha...]

--- 77 ---

[...têng] Ki Jaka. Ki Jaka Tingkir inggih lajêng mangkat, lampahipun mampir dhatêng ing Tingkir, matur dhatêng ingkang ibu punapa ing sadhawahipun Ki Agêng Sela. Ingkang ibu angandika: thole, pituduhe Ki Agêng Sela iku bangêt bênêre, dadi ana kang dakarêp-arêp. Nuli lakonana, nanging ngantènana baturmu loro iku dhisik, lagi takkon matun gaga, iku bakal takkon ngatêrake marang kowe, aku duwe sadulur lanang siji, ngawula Sultan Dêmak, jênênge Kyai Ganjur, dadi lalurah suranata, iku kang bakal daktitipi marang kowe, sarta angaturna ing sang nata. Ki Jaka inggih amiturut ing dhawahipun kang ibu, nuntên tumut matun gaga angrencangi tiyang kêkalih wau, ngantos sadintên botên mantuk-mantuk. Sarêng ing wanci asar wontên mêndhung sarta grimis. Sunan Kalijaga pinuju langkung cêlak ing pagagan sarta tatêkên cis. Ki Jaka dipun cêluk saking sajawining pagagan, thole, sira iku têka pijêr matun gaga bae, maria gonmu matun, nuli ngawulaa marang ing Dêmak. Sabab sira iku bakal raja amêngku ing tanah

--- 78 ---

Jawa. Sasampuning ngandika lajêng kesah mangalèr. Sarêng sampun botên katingal, Ki Jaka tumuntên mantuk, matur dhatêng ingkang ibu. Kang ibu mirêng saklangkung bingah sarta ngandika: thole, kowe bêgja bangêt, olèh pituduhe Sunan Kalijaga, kêbat nuli lumakua marang ing Dêmak, aja ngantèni gone matun gaga, sing kèri dakrêmbate bae. Ki Jaka inggih nuntên lumampah kadhèrèkakên tiyang kêkalih, sampun dumugi ing Dêmak, anjujug griyanipun Kyai Ganjur.

Kacariyos Sultan ing Bintara sampun dumugi ing jangji puput yuswanipun, atilar putra nênêm, pambajêngipun èstri anama Ratu Mas, sampun krama angsal Pangeran Carêbon. Panênggak anama Pangeran Sabranglèr, punika ingkang anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu. Nuntên Pangeran Sedalèpèn, nuntên Radèn Trênggana, nuntên Radèn Kandhuruwan. Wuragilipun anama Radèn Pamêkas. Dene ingkang jumênêng ratu wau dèrèng lami lajêng seda, dèrèng apêputra. Ingkang anggêntosi jumênêng ratu Radèn Trênggana ajêjuluk [a...]

--- 79 ---

[...jêjuluk] Sultan Dêmak. Ki patih Mangkurat inggih sampun pêjah, ingkang anggêntosi dados patih anakipun jalêr, anama Patih Wanasalam. Kawicaksananipun angungkuli ingkang rama, para bupati sangandhap sami ajrih asih.

Kacariyos Radèn Jaka Tingkir sampun katampèn pangawulanipun ing Sultan Dêmak. Mênggah katuripun wau Sultan Dêmak pinuju miyos saking masjid. Ki Jaka andhodhok wontên pinggir balumbang, badhe sumingkir botên sagêd. Sabab kapêngkok ing balumbang, Ki Jaka lajêng nglumpati ing balumbang sarwi mungkur. Sultan Dêmak sarêng aningali sakalangkung kagèt, sarta andangu. Ki Jaka matur yèn kapenakanipun Kyai Ganjur. Ki Jaka lajêng kapundhut sarta kaabdèkakên. Kangjêng sultan saklangkung asih dhatêng Ki Jaka, amargi warninipun bagus, sarta anglangkungi kadigdayanipun. Ing lami-lami Ki Jaka Tingkir lajêng kapundhut putra, kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton, sarta kadadosakên lalurah prajurit tamtama, sampun misuwur ing tiyang sanagari Dêmak.

--- 80 ---

Sarêng sampun antawis lami malih sang nata kagungan karsa badhe amêwahi prajurit tamtama, kathahipun kawan atus malih, amundhuti sarta amilihi tiyang sanagari tuwin padhusunan. Kapilihan ingkang sami digdaya sarta têguh, yèn sampun angsal, lajêng dipun coba kaabên kalihan banthèng, manawi anampiling banthèng rêmuk sirahipun, inggih kalêbêt dados tamtama, yèn botên, inggih botên kalêbêt. Kacariyos wontên tiyang ing Kêdhupingit anama Ki Dhadhungawuk, warninipun botên prayogi, nanging sampun komuk ing têguhipun. Ki Dhadhungawuk wau lajêng dhatêng ing Dêmak, sumêja lumêbêt prajurit tamtama, sarêng katur ing Radèn Jaka Tingkir, nuntên katimbalan dhatêng ing ngarsanipun. Radèn Jaka Tingkir sarêng aningali, sangêt gènipun botên rêmên, sabab warninipun saklangkung awon. Lajêng tinantun, sarèhning wontên ing dhusun sampun kalok ing têguhipun, punapa purun kacoba dipun suduk. Wangsulanipun inggih purun. Ki Dhadhungawuk lajêng kasuduk ing sadak dhatêng Radèn Jaka Tingkir, dhadhanipun pêcah,

--- 81 ---

lajêng pêjah. Kancanipun tamtama andikakakên sami tumut nyuduki ing dhuwung, jisimipun Ki Dhadhungawuk tatunipun arang kranjang, Radèn Jaka Tingkir sangsaya misuwur ing kadigdayanipun.

Kala samantên sampun katur ing sang nata, yèn Jaka Tingkir amêjahi tiyang badhe lumêbêt dados tamtama, kangjêng sultan saklangkung duka. Sarèhning kangjêng sultan wau ratu sangêt ing adilipun, Radèn Jaka Tingkir lajêng kadhawahan katundhung saking nagari ing Dêmak. Kangjêng sultan amaringi niyat dhatêng ahli warisipun ingkang pêjah kathahipun gangsal atus reyal. Wondene Radèn Jaka Tingkir inggih lajêng kesah sami sakala saking ing nagari Dêmak. Ingkang ningali sami wêlas sadaya, utawi prikancanipun tamtama inggih sami anangisi sadaya. Radèn Jaka Tingkir sangêt anggènipun kaduwung ing solahipun kang sampun kalampahan, sarta sangêt ing wirangipun aningali tatiyang ing Dêmak, sariranipun marlêsu, ciptanipun rêmên yèn tumuntêna amanggih pêjah, lampahipun ngidul ngetan anjog ing wana agêng, botên kantênan kang dipun jujug, sabab saking sangêt bingunging manahipun. [ma...]

--- 82 ---

[...nahipun.] Kacariyos gènipun wontên satêngahing wana, sarta lumampah ing sapurug-purug ngantos gangsal wulan. Kala samantên lampahipun dumugi ing wana jati têngah tanah rêdi Kêndhêng. Wontên ing ngriku kapêthuk kalihan Ki Agêng Butuh, Ki Agêng kagèt sarta ngandika sarta anyêlaki:thole, mandhêga, rupamu lan pasêmonmu mèmpêr si kakang Pêngging kang wus mati, yèn kowe dadia putrane patut. Nanging bagus kowe lan dêdêgmu pidêksa, si kakang ing Pêngging biyèn rada kadhuwurên sathithik. Kêbat sumaura, pinangkamu ing ngêndi. Ki Jaka matur: wartosipun ingkang sami sumêrêp, kula inggih putranipun Ki Agêng Pêngging. Ki Agêng sarêng mirêng, enggal angrangkul dhatêng Ki Jaka sarwi ngandika: ya gene, gèr, kowe ana satêngahing alas kene. Ki Jaka matur ing wiwitan dumugi wêkasan. Kyai Agêng saklangkung ngungun.

Kyai Agêng tumuntên kondur, ingkang putra Radèn Jaka binêkta, sadhatêngipun ing Butuh Radèn Jaka saklangkung sinungga-sungga. Kyai Agêng Butuh nuntên angaturi Kyai ing Ngêrang, inggih sampun dhatêng wontên ing

--- 83 ---

Butuh, lajêng winartosan yèn Radèn Jaka putranipun Kyai Agêng Pêngging. Kyai Agêng Ngêrang enggal angrangkul sarta anangisi, wicantênipun: thole, aku biyèn tilik mênyang Pêngging, nanging kowe ora ana, wis digawa marang ing ibumu ing Tingkir, dadi wis bungah atiku, saikine kowe nêmu kasrakat mangkono. Thole, kowe narimaa, ing sakèhe tindakmu ora bênêr iku atas karsaning Allah lan wis lumrahe wong bakal kapenak iku amasthi wiwitane lara. Ki Agêng Butuh lan Kyai Agêng Ngêrang wau akathah-kathah pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir, Radèn Jaka inggih saklangkung narimah sarta suka ing galihipun. Dene gènipun wontên ing Butuh Radèn Jaka wau ngantos kalih wulan. Sarêng sampun nêlas pawulangipun, Kyai Agêng Butuh ngandika: thole, sarèhning wis antara pitung sasi gonmu lunga têka ing Dêmak, ing samêngko kowe balia marang Dêmak, utawa muliha marang Tingkir lan ing Pêngging, bokmanawa kangjêng sultan wis èngêt sarta animbali marang kowe, ora wurung digolèki ing ênggon kawijilane. Ki

--- 84 ---

Jaka Tingkir matur sandika, tumuntên mangkat ijèn. Sadhatêngipun sajawining nagari Dêmak lajêng amêlingakên prikancanipun tamtama, inggih sami dhatêng acacolongan. Radèn Jaka pitakèn dhatêng tamtama, sarèhning gènipun kesah sampun lami, sang nata punapa sampun andangu dhatêng piyambakipun, wangsulanipun tamtama: sang nata dèrèng wontên andangu. Ki Jaka sarêng mirêng sangêt malih susah ing manahipun, lajêng pamit dhatêng kancanipun tamtama sumêdya ngalambrang malih. Lampahipun Radèn Jaka anjujug ing Pêngging, ing dalu lajêng sare ing dêdagan, wontên ing pakuburanipun ingkang rama ngantos kawan dalu, nuntên mirêng swara atatela: thole, sira lungaa angidul ngetan. Cêdhak ing desa Gêtasaji ana wong dhadhukuh jênênge Kyai Buyut ing Banyubiru, sira ngèngèra ing kono, anglakonana saparentahe. Radèn Jaka kagèt tumuntên wungu saking gènipun sare, lajêng mangkat ijèn.

Gêntos kacariyos ing dhukuh Calpitu sukunipun rêdi Lawu, ing ngriku wontên tiyang tapa, anama Ki Jabaleka, inggih trah saking ing

--- 85 ---

Majapait. Ki Jabaleka wau gadhah putra jalêr satunggil abagus warninipun, nama Mas Mônca. Ki Mas Monca wau kesah saking ing Calpitu sumêja tapa dhatêng pasisir kidul, kèndêl wontên ing Toyabiru, lajêng kapêndhêt putra dhatêng ing Ki Buyut ing Banyubiru sarta sangêt dipun sihi, ingugung sapolahipun, winulang sakathahing kadigdayan, lan kinèn bantêr tapanipun, supados ênggala tuwuh kang darajat, sabab Ki Buyut sumêrêp yèn Mas Mônca wau badhe dados êmbananing ratu. Kala samantên Ki Buyut ngandika dhatêng Ki Mas Mônca: kulup, bakal ratumu mèh têka ing kene, rong dina êngkas mêsthi têka ing kene, yèn wis têlung sasi gone ana ing Banyubiru, iku wus andungkap jumênênge nata, besuk bakal kakutha ing Pajang, ratu iku angluwihi sakti, kinèringan ing mungsuh, karatone angkêr, yaiku turune Dipati Dayaningrat ing Pêngging, kowe kang bakal dadi pêpatih, aku besuk kang angreka amrih gêlise jumênêng ratu. Ki Mas Mônca aturipun nuwun.

--- 86 ---

Sarêng sampun kalih dintên malih, Radèn Jaka Tingkir sampun dumugi ing Banyubiru, inggih nuntên kapêndhêt putra dhatêng Ki Buyut. Saklangkung ingêla-êla, kasadhèrèkakên kalihan Mas Mônca. Ki Buyut anêlas pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir tuwin Mas Mônca. Sasampuning jangkêp tigang wulan Ki Buyut ngandika dhatêng Radèn Jaka: ênggèr, wis mangsane kowe ngatok marang ramakmu kangjêng sultan. Mumpung iki môngsa rêndhêng, amasthi ngadhaton ing gunung Prawata, dakkira têkamu ing Prawata kangjêng sultan durung kondur marang ing Dêmak. Aku angkawanianggawani. sarat, kang dadi jalarane kowe diwawuh ing kangjêng sultan. Lêmah iki lolohna ing kebodhanu, amasthi kêbo mau banjur ngamuk marang Prawata, wong Dêmak ora ana kang bisa amatèni, iku margane sang nata andangu marang kowe. Yèn kowe dikakake matèni kêbo mau, lêmahe guwangên dhisik, amasthi kêbo ya banjur kêna kokpatèni. Lan kowe dakwèhi kanthi, adhimu Ki Mas Mônca sarta sadulurku lanang jênênge Ki Wuragil, lan kaponakaku, anake Ki Buyut Majasta, [Ma...]

--- 87 ---

[...jasta,] jênênge Ki Wila, wong têlu iku aja nganti pisah karo kowe. Radèn Jaka Tingkir matur sandika. Kyai Buyut lajêng parentah dhatêng anak putunipun, andikakakên sami damêl gèthèk, badhe tatumpakanipun Radèn Jaka Tingkir, sarêng sampun mirantos, nuntên mangkat numpak gèthèk. Ki Buyut Banyubiru angatêr sapinggiring lèpèn, sarwi andêdonga anênga langit. Ki Majasta ngatêr tumut nitih gèthèk. Gèthèk milir ing lèpèn Dêngkèng, sampun dumugi ing dhusun griyanipun Ki Majasta, kèndêl sipêng wontên ing ngriku tigang dintên, lajêng mangkat. Ki Majasta botên tumut. Gèthèk milir dumugi ing bangawan Picis. Tiyang sakawan wau ingkang kêkalih anyatangi, ingkang kêkalih amêlahi. Sarêng wanci pukul sakawan sontên dumugi ing Kêdhung Srêngenge, anuntên wontên mêndhung sarta grimis awor barat. Ing Kêdhung Srêngege ngriku wontên ratuning baya, anama Baurêksa, pêpatihipun anama Jalumampang. Balanipun baya tanpa wilangan. Bala Jalumampang wau angirid bala kalih atus, sami angrampid gèthèk, lajêng pêrang [pê...]

--- 88 ---

[...rang] rame kalihan Mas Mônca wontên ing dharatan, Patih Jalumampang sarta baya pitung dasa sampun sami pêjah sinabêtakên ing kêkajêngan dhatêng Mas Mônca, dene Radèn Jaka Tingkir lajêng ambyur dhatêng salêbêting toya, pangraosipun kados wontên ing dharatan kemawon, nuntên prang rame, baya kathah kang pêjah, ratuning baya kang nama Baurêksa sampun nungkul dhatêng Radèn Jaka, sarta aprajangji badhe ngatêr ing lampahipun Radèn Jaka wontên ing toya, lan prajangji badhe angaturi kalangênan baya satunggil-satunggil ing sabên taun.

Radèn Jaka Tingkir nuntên mangkat anitih gèthèk malih, iliring gèthèk dipun sanggi ing bajul kawan dasa, ingkang nitih sami ngeca-eca lênggah kemawon, satang lan wêlahipun sami binucalan. Ing wanci dalu dumugi bêbagan ing Butuh, gèthèk kathothok, bajul sami sumêrêp ing wangsit, gèthèk kakèndêlakên. Radèn Jaka sarta rencangipun tatiga sarèhning sami sayah lan arip, lajêng sami tilêm wontên ing gèthèk. Ing wanci têngah dalu Ki Agêng Butuh

--- 89 ---

mêdal saking griyanipun, kagèt aningali pulung karaton, cumalorot saking lèr kilèn, dhawah wontên ing lèpèn, panggenanipun tilêm Radèn Jaka wau. Ki Agêng nuntên nututi ing dhawahing pulung, sadhatêngipun ing pinggir lèpèn, Ki Agêng botên samar aningali dhatêng radèn Jaka, kang sare ing gèthèk, kadhawahan pulung lajêng ginugah, thole, tangia, aja pijêr turu bae, pulung karaton ing Dêmak wis ngalih marang sira. Radèn Jaka lan sarencangipun sami tangi, lajêng binêkta dhatêng dhepokipun Ki Agêng Butuh. Ki Agêng Ngêrang inggih sampun dipun aturi dhatêng ing ngriku, nuntên sami amulang dhatêng Radèn Jaka, sarèhning pulung karaton ing Dêmak sampun ngalih dhatêng piyambakipun, punika gènipun badhe anggêntosi ing Sultan Dêmak sampun ngantos kakasap, kasuwuna ing Allah kemawon, lan amuriha lunturing sihipun sang nata, sarta kawulang ing lampah nistha lan kang utami. Akathah-kathah pawulangipun ki agêng kêkalih wau ing Radèn Jaka, Radèn Jaka inggih sangêt anarimah sarta badhe

--- 90 ---

ngèstokakên ing piwulang wau. Radèn Jaka nuntên pamit mangkat lan sarencangipun, sami anumpak gèthèk, alon miliripun, sarêng dumugi ing dhusun Bulu tanah Majênang, nuntên mêntas dhatêng dharat. Bajul sami kawangsitan kapurih wangsula dhatêng ing panggenanipun ing Kêdhung Srêngenge. Radèn Jaka lan sarencangipun lajêng sami lumampah dharat. Wiwit kala samantên ing dhusun Bulu kaêlih nama ing Tindak. Lampahipun Radèn Jaka ngalèr ngilèn mêdal ing Garobogan. Sadhatêngipun talatah ing Prawata, Radèn Jaka sumêrêp, yèn sang nata taksih ngadhaton ing ngriku, dèrèng kondur dhatêng Dêmak. Radèn Jaka nuntên ngupados maesadhanu. Sarêng sampun angsal, lajêng kalolohan siti babêktanipun saking ing Majasta maesa wau enggal lumajêng angamuk dhatêng pasanggrahan ing Prawata, angobrak-abrik pasanggrahan, sarta anggudag anyudhangi tatiyang. Kathah tiyang kang sami tatu tuwin pêjah, andadosakên gègèripun tiyang saprawata, karampog lan dipun sanjatani botên pasah. Kangjêng sultan nuntên parentah

--- 91 ---

dhatêng abdinipun tamtama andikakakên mêthukakên pangamuking maesadhanu, sampun ambêkta gêgaman, sabab prajurit tamtama wau sampun sami dipun gagulang anampiling banthèng, sapisan rêmuk sirahipun pêjah. Prajurit tamtama inggih tumuntên mêthukakên pangamuking maesa, ijèn gêntos-gêntos, nanging botên wontên kang ngêntasi damêl, malah kathah kang sami pating kalèsèd, margi dipun bijigi sarta kaidak-idak. Pangamuking maesa wau ngantos tigang dintên tigang dalu, yèn sêrap srêngenge maesa wangsul dhatêng ing wana, manawi enjing lajêng ngamuk dhatêng ing pasanggrahan malih ambujêng tiyang.

Ing sabên dintên sang nata aningali saking pêpagungan.pêpanggungan. Kala samantên sang nata aningali dhatêng Radèn Jaka Tingkir ingiring tiyang tatiga, lumampah malipir sawingkinging baris. Solahipun kados tiyang aningali pangamuking maesa. Sang nata enggal ngandika dhatêng abdinipun kang nama Jêbad: Jêbad, pandêlêng ingsun kae kaya Si Tingkir ingiring bature tatêlu, ingsun ora pangling, sira taria apa dhèwèke wani sun adu lan kêbo [kê...]

--- 92 ---

[...bo] ngamuk. Yèn Si Tingkir bisa matèni kêbo iku, dakapura dosane kang wis kalakon. Radèn Jaka sarêng kadhawahan, aturipun sandika sang nata nuntên parentah angêpung maesa sarta dikakakên sami anyuraki ing Radèn Jaka gènipun tanglêd kalihan maesa, lan dikakakên nabuh monggang, sang nata aningali saking pêpanggungan. Radèn Jaka Tingkir tumuntên amurugi maesa, maesa inggih lajêng anggudag. Adangu gènipun tanglêd, kapurih erama kang sami ningali. Radèn Jaka dipun undha katadhahan sungu, nanging botên pasah, sungu sarta buntuting maesa kacandhak dipun sêndhal. Maesa rêbah gumlimpang, siti sarat saking Banyubiru sampun mêdal. Maesa dipun tampiling, rêmuk sirahipun sampun pêjah, andadosakên eram sarta sukanipun sang nata tuwin ingkang aningali sadaya. Radèn Jaka Tingkir lajêng kawangsulakên kalênggahanipun lami anglurahi prajurit tamtama, kangjêng sultan sampun pulih sihipun kados ingkang wau-wau. Sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng nagari ing Dêmak.

--- 93 ---

Kacariyos ing Matawis, punika sitinipun radin, sarta kathah toya, kathah wowohan, pala gumantung, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tulus kang sarwa tinandur. Kalangênan ing toya lan ing dharat inggih kathah, sawarnining sumbêr toyanipun saklangkung bêning. Tiyang gêgramèn inggih kathah, wontên ingkang lajêng agagriya ing ngriku. Ki Pamanahan sampun angalih nama Ki Agêng Matawis, sarta sampun mukti sakulawangsanipun sadaya. Nanging Ki Agêng Matawis wau taksih ambantêr ing tapanipun. Sabab sumêrêp ing wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Mataram benjing badhe wontên kang jumênêng ratu agêng angrèh ing tanah Jawi sadaya. Ciptanipun Ki Agêng Matawis, yèn sayêktos wirayat wau sampun liya saking turunipun. Milanipun Ki Agêng wau botên pêgat gènipun tapa utawi tirakat dhatêng ing wana sarta ing rêdi. Kala samantên Ki Pamanahan kesah tirakat ijèn, sarta sumêja anuwèni sadhèrèkanipun ing tanah rêdi kidul anama Kyai Agêng Giring utawi Ki Agêng [A...]

--- 94 ---

[...gêng] Paderesan. Gènipun sadherekan kalihan Ki Agêng Matawis saklangkung sae, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.

Kacariyos Ki Agêng Giring wau inggih sangêt gènipun tapa, pandamêlanipun andèrès. Ing wanci enjing Ki Agêng anginggahi paderesanipun. Ing ngriku wontên tirisan satunggil, cakêt lan kang sawêg dipun inggahi Ki Agêng. Tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh, ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki Agêng sawêg atrap bumbung wontên ing nginggil tirisan, anuntên mirêng swara prênahipun ing swara wontên ing dawêgan satunggil wau, ujaring swara: Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu dawêgan iki, yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal dadi ratu gêdhe, amêngku ing tanah Jawa kabèh. Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking gènipun dèrès. Wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng mènèk dawêgan satunggil wau, sampun kapêndhêt binêkta mudhun, dene deresanipun botên dipun manah, [ma...]

--- 95 ---

[...nah,] amung dawêgan kang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi, nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên, pamanahipun Ki Agêng, sarèhning taksih enjing dados kakintên botên têlas yèn dipun unjuka, sabab dèrèng ngêlak, karsanipun Ki Agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak. Dawêgan lajêng kasinggahakên ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika Ki Agêng botên angopèni padamêlanipun anggodhog lêgèn adamêl gêndhis, amung manah dawêgan kemawon, Ki Agêng Giring nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad.

Ing sapêngkêripun Ki Agêng Giring, Ki Agêng ing Matawis dhatêng wontên ing ngriku, sarta pitakèn dhatêng semahipun Ki Agêng Giring: bakyu, wakane dhatêng pundi, dene botên wontên katingal. Nyai Giring sumaur: raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng. Ki Agêng Matawis lajêng lumêbêt ing pawon, sumêja ngunjuk kilang. Sarêng aningali ing pawon sêpên, botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan satunggil ingkang wontên,

--- 96 ---

tumumpang ing paga, enggal kapêndhêt dhatêng Ki Agêng Matawis,kabêkta lumêbêt ing griya, lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan. Sumêja dipun unjuk toyanipun, sarta wicantên dhatêng Nyai Giring: bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn, kula dhatêng pawon ajêng ngombe, ngupados lêgèn botên angsal. Nyai Giring sumaur, inggih amung sadintên punika towong, karsane raka aso. Nyai Giring kagèt aningali dawêgan badhe dipun unjuk dhatêng Ki Agêng Matawis, enggal wicantên: adhi, dawêgan niku ampun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amasthi kula digitiki marang raka dika. Ki Agêng Mataram sumaur: bakyu, ampun maras ati dika, dika sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing pawon, botên susah mènèk piyambak. Ki Agêng lajêng ngunjuk dawêgan, têlas sami sakal, botên kantun sacêrêt-cêrêta, saklangkung nikmat raosipun. Botên antawis dangu Ki Agêng Giring dhatêng sarta angrêmbat kajêng,

--- 97 ---

anjujug ing pawon, kajêng sampun kasèlèhakên, karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk dawêgan. Sarêng dipun tingali ing paga, dawêgan botên wontên, Ki Agêng enggal lumêbêt ing griya amanggihi Ki Agêng Matawis, sarta pitakèn dhatêng semahipun: wong wadon, dawêganaku kang takdokok ing paga mau ana ing ngêndi. Semahipun mangsuli: rayi dika niku kang mêndhêt. Kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk. Kyai Agêng Matawis sumambung: inggih sayêktos kula kakang, kang ngombe dawêgan, tiyang sangêt gèn kula ngêlak, sampeyan dukani inggih sumôngga. Ki Agêng Giring sarêng mirêng wicantênipun Ki Pamanahan, sangêt gènipun gêtun, dangu gènipun kèndêl, bawaning tiyang sampun linuwih, dados sumêrêp ing takdir, yèn sampun pinasthi karsa Allah, Ki Agêng Matawis badhe anurunakên ratu kang mêngku ing tanah Jawi. Ki Agêng Giring lajêng ambalakakakên swara kang saking dawêgan sarta agadhah panêdha dhatêng Ki Agêng Matawis: adhi, panêdha kula makatên kemawon, sarèhning dawêgan sampun dika [di...]

--- 98 ---

[...ka] ombe, angsal kula anjaluk kadospundi, amung turun kula kemawon benjing kenginga gagêntosan lan turun dika, turun dika sapisan nuntên kagêntosana turun kula. Ki Pamanahan botên suka. Panêdhanipun Ki Agêng Giring makatên punika ngantos ping nêm, Ki Agêng Matawis inggih botên suka, nuntên nêdha gêntos turun kaping pitu. Ki Agêng Matawis sumaur: kakang Allahualam, sok sukaa ing wingking, kula botên nguningani. Ki Agêng Matawis lajêng pamit mantuk dhatêng ing Matawis.

Kacariyos dipati ing Pathi sumêja balela, badhe amangsah ing Mataram, dipun ampah dhatêng para santananipun botên kenging, lajêng utusan dhatêng Matawis, anyuwun ngêrèh siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, sarta anyuwun waos salandheyanipun, kathahipun satus. Utusan inggih sampun mangkat, sampun kapanggih kalihan panêmbahan, sarta

--- 99 ---

angaturakên ing panyuwunipun ingkang rayi. Panêmbahan inggih lajêng amaringakên siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya. Wondene waos inggih kaparingan, ananging waos kemawon, botên mawi landheyan. Utusan lajêng mantuk. Ing sapungkuring utusan, Panêmbahan ngandika pawartos dhatêng Dipati Môndaraka, yèn dipati ing Pathi badhe ambalik. Ki Dipati Môndaraka saklangkung ngungun. Wondene utusan ing Pathi wau inggih sampun matur dhatêng sang dipati, sang dipati lajêng parentah ambêbahak anêlukakên tiyang siti dhusun salèring rêdi Kêndhêng, sadaya inggih sampun sami nungkul, amung nagari Dêmak ingkang bôngga, amapag prang muwêr salêbêting biting. Adipati Pragola ing Pathi sarêng sampun kathah balanipun lajêng bidhal, anglurug dhatêng Matawis, lan sabalanipun. Lampahing gêgaman saklangkung rêsah, samargi-margi tansah anjajarah ambaboyong. Adipati Pajang enggal ngaturi uninga dhatêng ing Matawis, yèn Dipati Pathi sumêja ambêdhah ing Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun Dipati [Di...]

--- 100 ---

[...pati] Pajang lajêng ngandika dhatêng putranipun ingkang anama Pangeran Dipati Anom: Thole, kowe mangkata lan wong Mataram kabèh, amapagna pamanmu ing Pathi, nanging aja koklawani prang elingna bae, ewadene yèn mêksa lali, ya ladenana, tumbakku iki ênggonên. Dipati Môndaraka sumambung: kapriye dene anakmu bae kang kokkon mapag prang, takkira ora kêlar anadhahi prange Dipati Pathi. Panêmbahan amangsuli: paman, mila wayah sampeyan kemawon kang kula kèn mêthukakên, pun adhi ing Pathi kula purih èngêta, sampun ngantos kalajêngakên gènipun nêpsu dhatêng kula, lan môngsa kolua mêngsah prang kalihan anak kula. Ki Dipati Môndaraka inggih lajêng kèndêl, pangeran dipati wau nuntên bidhal lan sabalanipun, kèndêl wontên ing Prambanan. Wondene gêgaman agêng ing Pathi sampun dumugi ing Kamalon, arêrêp wontên ing ngriku, sarêng enjingipun lajêng bidhal majêng, pangeran dipati ing Matawis inggih nuntên bidhal amung bêkta bala kang angampil upacara kemawon, [kema...]

--- 101 ---

[...won,]

balanipun ingkang kathah sami katilar wontên ing Prambanan. Botên dangu nuntên kapêthuk gêgaman ing Pathi, Sang Dipati Pathi kagèt aningali wontên priyantun amêthukakên lampahipun amung kairing upacara, dangu-dangu sang dipati botên pandung yèn ingkang putra kapenakan. Sang dipati sangêt kanggêg galihipun, sarta lingsêm, enggal amurugi taksih numpak kapal sarta pitakèn: thole, bapakmu ana ngêndi, lan kowe mrene iku gawemu apa. Pangeran dipati matur taksih numpak kapal: raka jêngandika taksih wontên ing wingking, kula dipun utus matur dhatêng sampeyan, mênggah gèn sampeyan badhe dhatêng Matawis punika damêlipun punapa, yèn badhe ngrêbat nagari ing Matawis punika, tiyang kagungan sampeyan piyambak, sami ugi lan ing Pathi, sampeyan dikakakên wangsul kemawon. Sang Dipati Pragola ngandika sarta malengos: aku wong wis sumurup watêke bapakmu iku, mung sok ngenaki ati bae, saiki kowe balia, bapakmu konên mrene, anêmonana [anê...]

--- 102 ---

[...monana] aku padha tuwa. Pangeran dipati matur: bilih sampeyan botên karsa wangsul, sarta botên karsa èngêt gèn sampeyan gadhah sadhèrèk dhatêng kangjêng rama, kula dikakakên angladosi ing sakarsa sampeyan. Sang dipati sarêng mirêng sangêt duka, sarta wicantên: bapakmu iku bangêt gone mêjanani marang aku, kowe dudu tandhingku prang, kang dak ancam-ancam bapakmu, bakal dakjak ngadu karosan sarta katêguhan. Kowe môngsa kêlara anadhahi prangku, kêbat balia bae, ngundanga bapakmu. Pangeran dipati mirêng wicantên saklangkung duka, ingkang paman lajêng dipun tumbak. Sang dipati sangêt jola, nanging botên pasah, sarta wicantên: kowe iki bocah ora kêna digawe bêcik, wis, dikêbat balia, bapakmu bae konên mrene. Pangeran dipati mêksa anumbaki, sang dipati kraos sakit, nanging botên pasah, enggal nyandhak tumbak, ingkang putra dipun buntar kenging jajanipun, aniba saking kapal karungkêb ing siti botên emut, nuntên karêbat dhatêng balanipun, kabêkta dhatêng pasanggrahan [pasanggra...]

--- 103 ---

[...han] Prambanan, sarta sami ngaturi uninga dhatêng Panêmbahan. Dene sang dipati ing Pathi inggih lajêng kèndêl sabalanipun wontên ing ngriku cakêt lèpèn dêngkèng sarta ababiting, kang dipun damêl galugu. Panêmbahan Senapati sarêng dipun aturi uninga yèn ingkang putra katèmpêr, sangêt gènipun kagèt, lajêng ngandika dhatêng garwanipun kang saking Pathi, bakyunipun dening Sang Dipati Pathi: nimas, adhimu wis lali têmênan, pratandhane dene kolu anumbak kaponakane. Ingkang garwa matur: yèn makatên kula inggih sampun lila pêjahipun rayi sampeyan, sabab sampun awon. Panêmbahan lajêng dandos. Sarêng sampun samêkta nuntên bidhal lan bala kêkapalan sadaya, lampahipun asêsandêran, dumuginipun ing pasanggrahan Prambanan sampun dalu. Panêmbahan kèndêl sakêdhap anata bala, sarêng sampun tata lajêng bidhal wanci lingsir dalu, Ki Dipati Môndaraka botên kantun. Lampahing baris sampun cakêt lan bitingipun Dipati Pathi, bala Matawis sami surak, bêndhe Kyai Bicak tinabuh, swaranipun angungkung. Bala ing Pathi

--- 104 ---

gègèr sami lumajêng ing sapurug-purug. Pênambahan badhe lumêbêt ing biting botên pinanggih marginipun. Ki Dipati Môndaraka enggal anarik dhuwungipun anama Kyai Culik, lajêng kapancasakên ing bètèng galugu, rantas tatiga. Kyai Môndaraka adêdah margi dhatêng ingkang putra, Panêmbahan enggal lumêbêt sakapalipun sarta bala ing Matawis, lajêng sami ngamuk, bala ing Pathi botên wontên kang sagêd malês, kathah ingkang pêjah. Sang Dipati Pathi sarta balanipun kang taksih gêsang sami lumajêng atilar biting, kasarêngan lèpèn Dêngkèng banjir ladhu, bala ing Pathi sami ambyur, kathah kang pêjah dening toya. Palajêngipun sang dipati lan sabalanipun sumêja mantuk dhatêng ing Pathi. Panêmbahan lan sabalanipun anglud. Sang dipati sarêng dumugi nagarinipun, enggal utusan anêdha bantu dhatêng para bupati kang cêlak-cêlak ing Pathi. Para bupati wau inggih sami ambantoni prajurit, lajêng sami tata baris wontên ing Pathi. Panêmbahan inggih nuntên dhatêng lan sabalanipun, lajêng prang, tiyang ing Pathi kawon, kathah [ka...]

--- 105 ---

[...thah] kang pêjah, sami lumajêng ambyur ing lèpèn banjir, kathah kang pêjah dening toya, sang dipati ing Pathi botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Bala Matawis sami angrêrayah, sarta ambaboyongi. Bêdhahing Pathi sinêngkalan: 1551. Pênambahan nuntên kondur dhatêng Matawis lan sabalanipun.

Kala samantên Panêmbahan Senapati sampun tulus gènipun jumênêng ratu, nagari Matawi saklangkung gêmah raharja. Ki Dipati Môndaraka matur, Panêmbahan dipun aturi anggêbag nagari bangwetan kang dèrèng nungkul, wangsulanipun Panêmbahan: paman, sapunika dèrèng mangsanipun. Benjing putu kula kang anêlukakên tiyang tanah Jawi sadaya, jumênêng ratu agêng tanpa timbang, kula punika amung abêbadhe kemawon. Kalihdene benjing yèn kula sampun tinêkakakên ing jangji, kang kula lilani anggêntosi kula jumênêng ratu ing Matawis, anak kula pun Jolang, sanajan anèm, sabab badhe anurunakên wiji, anak-anak kula sadaya bilih wontên kang botên angèstokakên [angèstoka...]

--- 106 ---

[...kên] ing wêling kula puniki, sami kenginga babênduning Allah. Sampeyan sarta pun adhi Mangkubumi ingkang sami anjumênêngêna ratu ing wayah sampeyan. Ki Dipati Môndaraka matur sandika. Kala samantên Panêmbahan Senapati gènipun jumênêng ratu sampun tigang taun, Panêmbahan lajêng gêrah sangêt andadosakên sedanipun, kasarèkakên sakilèning masjid, ing dagane kang rama, sinêngkalan: 1552.

Sarêng ing dintên Soma kang Dipati Môndaraka sarta Pangeran Mangkubumi miyos dhatêng ing sitinggil, akanthi Pangeran Dipati Anom. Pangeran Dipati kalênggahakên ing dhampar mas. Dipati Môndaraka lan Pangeran Mangkubumi angapit kiwa têngên. Pangeran Mangkubumi jumênêng sarta ngandika sêru: sarupane wong Mataram kabèh, sira padha anaksènana, yèn Pangeran Dipati samêngko jumênêng sultan anggêntèni ingkang rama. Manawa ana wong kang masgul atine sarta ora ngèstokake, padha têkakna budimu ing saiki, aku mungsuhe prang. Tiyang

--- 107 ---

ing Mataram sadaya saur pêksi jumurung. Para santana tuwin bupati mantri lajêng sami ngabêkti ing sang prabu, sang nata nuntên kondur angadhaton.

--- 108 ---

...

--- 109 ---

Sêrat Ajisaka

--- 110 ---

Nyai Rôndha wicantên dhatêng Ajisaka: nagara ing kene wis misuwur, yèn ana bramana sêkti môndraguna, bagus isih ênom, limpad ing ngèlmu panitisan, pinangkane saka ing sabrang angajawa, anggawa aksara warna-warna, apadene layang têmbung kawi, gawene amamuruk. Wong pirang-pirang nagara padha anggaguru, mung kari wong nagara ing Mêndhangkamolan bae, sing kawruhe isih bingung. Yèn ta bramana iku anaa ing kene, aku sumêja anggaguru. Ajisaka gumujêng amangsuli: dora ingkang awartos punika, angindhakakên ing kayaktosanipun. Wondening ingkang kawartos punika inggih kula.

Nyai rôndha kagèt, wicantênipun: bêgja têmên aku katêkan kowe, sarèhne aku bodho, muga lêgaa kowe amuruk. Wangsulanipun Ajisaka: yèn sampeyan sudi amundhut wulang, kula sandika kemawon, Nyai Rôndha lajêng dipun wulang ngèlmi panitisan, sarta têmbung kawi,

--- 111 ---

sampun sampurna ing kasagêdanipun, ingkang putra lajêng dipun wulang piyambak, anyakêp sakathahing wulang.

Ajisaka anglajêngakên anggènipun mamuruk. Tiyang nagari ing Mêndhangkamolan sadaya sami anggaguru, sarta suyud dhatêng sang bramana sabrang, anggêpipun kados sami angabdi. Ajisaka saking lamine anggènipun wontên ing karandhan, misuwur kasagêdanipun, ngantos kamirêngan dhatêng patih ing Mêndhangkamolan, ingkang nama Kyai Patih Tênggêr. Kyai patih lajêng lumampah dhatêng ing karandhan, amanggihi Ajisaka. Sadalu anggènipun ngaos sastra: têmbung kawi: ngèlmu panitisan, tuwin sawarnining kasêktèn. Botên antawis lami sakathahing kawruh sampun kacakup sadaya.

Pinuju kyai patih tuwi dhatêng ing karandhan, Ajisaka apitakèn: paman, kala rumiyin sadhatêng kula ing nagari ngriki, wontên ing lalurung agêng, aningali tiyang kathah sami pating balêbêr, botên sumêrêp ingkang dipun ungsèni, [ung...]

--- 112 ---

[...sèni,] punika punapa sababipun. Patih amangsuli: punika sami abdi dalêm ing nagari ngriki, angupados tiyang ingkang lêma, badhe dhaharipun sang nata, sabên dintên angladosakên satunggil. Ajisaka kagèt, sarta eram sangêt, amirêngakên pratelanipun kyai patih, wicantênipun: yèn makatên, paman, dados ratu ijêngandika punika adamêl risaking nagarinipun piyambak. Mila kula tingali kagunganipun siti dhusun kathah ingkang suwêng. Sarêng Ajisaka kèndêl wicantên, botên antawis dangu para sakabatipun sami malajêng-malajêng dhatêng, angungsi ing gurunipun, sarta sami anangis, anyuwun dipun kêkahana, awit dipun bujêng badhe kacêpêng dhatêng utusanipun sang nata. Sarêng Ajisaka sumêrêp makatên, lajêng matur dhatêng kyai patih: paman, kula kemawon sampeyan saosakên, dados dhaharipun sang prabu. Nanging kula gadhah panyuwun, kaparingana siti ing Mêndhangkamolan, wiyaripun namung saikêt kula, samasa sampun tampi kula lajêng kadhahara.

--- 113 ---

Kyai patih kagèt amirêngakên aturipun Ajisaka, wangsulanipun: anggèr: kula botên kadugi anguyang sakit anêmpur pêjah, aluwung sampeyan mamulanga kemawon prayogi, awit ing ngriki taksih kathah tiyang bodho. Ajisaka amangsuli: kajêngipun, paman, kula pêjah, têkad kula badhe ambelani têtiyang ing Mêndhangkamolan, ingkang sampun sami anggaguru dhatêng kula. Nyai Rôndha sangêt anangis, mirêngakên ginêmipun Ajisaka kalih Patih Tênggêr, sasambatipun: adhuh ênggèr, kapriye polahku, yèn koktinggala aku ora bisa kari, amasthi nglabuhi kowe. Ajisaka gumujêng amangsuli: sampun sampeyan kuwatos, bibi. Patih Tênggêr sumambung: anggèr: kasinggihan aturipun bok ayu, anggènipun murih sandening karsa sampeyan ingkang botên sayogi. Ajisaka amangsuli: yèn makatên, paman, tanpa damêl anggèn sampeyan anggaguru, yèn botên tega ing pêjah, aluwung sampun anggagurua, bilih botên kula labuhi pêjah, botên mantêp andêlipun [andêli...]

--- 114 ---

[...pun] tatiyang Mêndhangkamolan, ingkang sampun inggaguruanggaguru. dhatêng kula, pêjah sapisan, gêsang salaminipun. Paman, mugi dipun pitajêng dhatêng kula, botên ngantos kalampahan kula pêjah. Katuruta pikajêngan kula, kasaosna dhatêng sang prabu: dadosa dhaharipun, yèn sampun angsal ingkang kula suwun, sang prabu amêsthi badhe botên cuwa, awit kula sagêd damêl tiyang. Sanajan karsa andhahar tiyang sadasa sadintên, kados botên kirang. Patih Tênggêr amangsuli: môngsa boronga karsa sampeyan.

Botên antawis dangu utusanipun Prabu Dewatacêngkar dhatêng karandhan, amanggihi kyai patih, andhawahakên timbalan: kyai patih: ijêngandika ingandikan, sarta angladosna dhahar dalêm tiyang, awit ijêngandika sampun lami botên anyaosi, gusti botên sagêd dhahar eca. Patih amangsuli: inggih sandika, kalêrêsan kula sawêg angsal tiyang satunggil, lah punika warninipun, taksih ênèm abagus, mêsthi momol dagingipun. Utusan anjêngêr ningali bagusipun Ajisaka, [A...]

--- 115 ---

[...jisaka,] salaminipun gêsang dèrèng ningali ingkang ngungkuli punika, kajawi namung putranipun sang nata.

Ajisaka sasampuning dandos, lajêng kairid ing kyai patih, badhe kasaosakên dhatêng sang nata. Sakathahing murid, punapa malih Nyai Rôndha, tuwin tiyang ing narinagari. Mêndhangkamolan, mèh sapalih, sami tumut ing lampahipun Ajisaka, sumêdya sami badhe anglabuhi.

Sadhatêngipun ing kadhaton, kyai patih kapêthukakên ing abdi priyantun èstri kêkalih, anama Nyai Soka, kalihan Nyai Sana, angirid kyai patih dhatêng ngarsanipun Prabu Dewatacêngkar. Ajisaka kalihan ingkang sami tumut wau kandhêg wontên ing jawi. Sang nata andangu dhatêng patih: kapriye patih, apa sira anggawa saosan dhahar ingsun. Wis lawas ingsun ora dhahar enak. Yèn ora dhahar daging wong, sariraningsun lêsu, ora karuwan rasane. Nuju bisa enak olèh ingsun dhahar, ana bocah parêkan lêmu siji ingsun gawe [ga...]

--- 116 ---

[...we] pindhang, saiki anggagat manèh, wis sapasar iki ora kapenak rasane sariraningsun, malah nganti ising-isingên gêtih. Yèn ora bisa olèh wong, sira ingsun gawe tambal butuh, amasthi ingsun pangan, utawa ingsun anyêmbêlèh mantri siji, sing rada ala rupane: agampang disalini. Patih Tênggêr nyêmbah munjuk, gusti, abdi dalêm sampun angsal tiyang satunggil, pinangkanipun saking sabrang, punika kapiadrêng konjuk, dadosa dhahar dalêm. Nanging agadhah panyuwun, kaparingana kagungan dalêm siti ing Mêndhangkamolan, namung sawiyaring ikêtipun. Siti kasuwun rumiyin. Bilih sampun katampèn, badanipun kasumanggakakên kadhahara.

Sang prabu sakalangkung suka ing galih, andangu dhatêng kyai patih: apa tuwa, apa ênom, wong kang sira saosake dadi dhahar ingsun. Patih munjuk: taksih ênèm. Wêtah alus badanipun, sawêg ecanipun kadhahar, ing sapunika wontên ing jawi. Sang nata dhawah angirid lumêbêt. Ajisaka lajêng kèrid ing ngarsanipun [ngar...]

--- 117 ---

[...sanipun] sang prabu, Nyai Rôndha Sêngkêran botên kantun, kalih tansah anangis kemawon. Dewatacêngkar anjêngêr ningali bagusipun Ajisaka, pangandikanipun: apa sira kang kapiadrêng dadi dhahar ingsun, anjaluk bumi saambane ikêtira. Ajisaka munjuk: Inggih kawula, bilih andadosakên parênging karsa dalêm. Dewatacêngkar ngandika malih: aja, ingsun eman, sira wong isih ênom, bagus rupanira, balik sira ngawulaa, ingsun gawe bupati. Ajisaka munjuk: sakalangkung-langkung panuwun kawula ing pasihan dalêm. Abdi dalêm kêdah anyuwun siti ing Mêndhangkamolan. Dewatacêngkar ngandika malih: yèn sira ora kêna sun eman, iya: sun turuti kêkarêpanira.

Sang prabu lajêng dhawah dhatêng patih: yèn karsa miyos, andikakakên mêpak prajurit. Sarêng sampun pêpak wontên ing alun-alun, Dewatacêngkar miyos anitih gajah, angandika dhatêng para abdi: hèh bocah-bocah ingsun, padha sira kawruhana kabèh, wong iki

--- 118 ---

aran Ajisaka, kapiadrêng dadi dhahar ingsun. Nanging duwe panyuwun bumi ing Mêndhangkamolan, ambane mung saikête, yèn wis katampan, suka lila ingsun patèni, kang iku yèn wis duwe pamilih bumi, sarta wis cukup ambane, nuli padha sira cêkêla. Sang nata andangu dhatêng Ajisaka: êndi ikêtira, Ajisaka lajèng angunjukakên ikêt. Sarêng dipun bèbèr, sang nata eram aningali wiyaripun, botên nyana pisan-pisan bilih wiyar makatên. Dados tontonanipun tiyang kathah, sami gumun aningali. Ikêt dipun bèbèr: botên têlas-têlas, ngantos lampahan sadintên taksih, malah anasabi nagari ing Mêndhangkamolan. Sang nata sabalanipun tansah tut wingking pambèbèring ikêt, wiyaripun ngantos ngacaki talatahing tanah Jawi. Ajisaka munjuk dhatêng Prabu Dewatacêngkar: gusti, sarèhning ikêt kawula anasabi talatah dalêm, nagari ing Mêndhang dados mèlik kawula, ing mangke kawula suwun mulungipun saking asta dalêm. Dewatacêngkar anyumadosi, nanging Ajisaka, angungsêd, kêdah anampèni sakal. [sa...]

--- 119 ---

[...kal.] Sang nata dipun bujêng ing sapurugipun. Tatiyang ing Mêndhangkamolan sampun sami ambalik, suyud dhatêng Ajisaka, sami tumut ambujêng ratunipun. Palajêngipun sang nata kapêngkok ing sagantên kidul, lajêng anggêbyur sagajahipun, sirna. Dewatacêngkar salah kadadosan awarni baya pêthak, agêngipun sarêdi anakan, yèn angambang: gigiripun kados pulo.

Dewatacêngkar ingkang malih baya pêthak angratoni saisining sagantên, tatanipun kados tiyang, adamêl pêpatih, nama Adipati Gajahmina, nayakanipun anama Kyai Aryalodan, Rônggasaradula, Dêmang Wikridita, pandêlêgan anama Bôngsa, santananipun anama Kaluyu, Radèn Aryapolèng, Radèn Aryabuntal, Ngabèi Wulungrêkta, Dêmang Kabuntung, Radèn Arya Kèpètpêthak. Wondening ingkang ngratoni sagantên kidul kala samantên kêkalih, satunggil èstri, anama Raja Angin-angin, kalih Dewatacêngkar wau.

Dewatacêngkar tansah adamêl rêrêsah salêbêting [sa...]

--- 120 ---

[...lêbêting] sagantên, utawi ing dharatan, damêlipun angadhang margi ambegal sarta amêjahi tiyang, rêmên saba dhatêng lèpèn. Akathah tiyang ingkang dipun sarab, andadosakên susah galihipun Raja Angin-angin, ngantos kawiyos pangandikanipun: sapa sing bisa anyirnakake baya putih, ingsun ngèngèri. Dewatacêngkar sangsaya mindhak agêng, alangipun lampahan saonjotan, angaping cangkêm kados lawanging guwa, swaranipun angajrihi, sabên dintên ngêrik-ngêrik anêdha ruwat.

Kacariyos Ajisaka, sasirnanipun Dewatacêngkar, wangsul dhatêng nagari ing Mêndhangkamolan sabalanipun, lajêng anggêntosi jumênêng ratu, ajêjuluk Prabu Jaka. Tatiyang ing Mêndhangkamolan agêng alit sami suyud sadaya, ical marasing manah, awit sampun botên wontên ingkang môngsa tiyang. Nagari ing Mêndhangkamolan karta, sarta amanggih karaharjan, mirah sandhang mirah têdha tulus samukawis ingkang dipun tanêm. Ajisaka ambêkipun adil asih paramarta. Tiyang alit sakeca jênjêm manahipun, [ma...]

--- 121 ---

[...nahipun,] botên wontên lampah dursila, ingkang angrêsahi anggènipun sami angupajiwa, mêngsah botên wontên purun. Akathah bramana saking sabrang angajawi. Wondening para priyantun ing Mêndhangkamolan ingkang nama bupati, mantri, sapangandhap, taksih kalulusakên ing kalênggahanipun. Pêpatihipun inggih taksih Kyai Tênggêr.

Prabu Jaka anuntên miyos sinowan ing para abdi, bupati, mantri, punggawa, sarta pandhita. Nyai Rôndha Sêngkêran inggih sowan. Patih Tênggêr ingkang wontên ing ngarsa. Sang prabu angandika dhatêng patih: bapa, undhangna marang rupane kawulaningsun, yèn murid ingsun Si Daduga lan Si Manawi ingsun karsakake dadi têtindhihe kawulaningsun bupati wolung atus, Si Manawi kang têngên, Si Daduga kang kiwa. Si Manawi ingsun paringi jênêng Adipati Dutanagara, Si Daduga: Adipati Suraadi. Nanging karo pisan isih ana sajroning kadhaton, aja pisah lan panjênêngan ingsun. Unjukipun patih akalihan para abdi sadaya: sami nuwun [nu...]

--- 122 ---

[...wun] sandika. Sang nata ngandika malih: lan maninge bapa, sarèhning panjênêngan ingsun isih lômba, ingsun jajuluk Narpa Anom Prabu Jaka. Para abdi sami saur pêksi nuwun sandika sadaya. Sang nata lajêng kondur angadhaton.

Prabu Jaka miyos sinowan ing para sakabatipun wontên ing kadhaton, kaèngêtan sakabat kêkalih, ingkang dipun tilar wontên ing pulo Mêjêthi, pun Dora kalihan pun Sêmbada, pangandikanipun: Si Dora lan Si Sêmbada amêsthi ora wani nusul, awit wêdi anêrak wawêkas ingsun. Hèh: Duga lan Prayoga, sira padha mênyanga ing pulo Majêthi, Si Dora lan Si Sêmbada timbalana, rêrêksane kagungan ingsun kêris konên anggawa. Sakabat kêkalih munjuk sandika, nyêmbah, lajêng mangkat.

Sakabat kêkalih pun Dora kalihan pun Sêmbada ingkang sampun lami katilar wontên ing pulo Majêthi, sampun mirêng pawartos,

--- 123 ---

yèn gustinipun dados ratu wontên nagari ing Mêndhangkamolan. Badhe nusul ajrih awit wêlingipun Ajisaka, sapa-sapa sing nimbali kowe, utawa mundhut rêrêksanamu, aja gêlêm lan aja kokulungake, yèn dudu aku dhewe kang anjaluk. Wusana pun Dora anêrak wawêlinging gusti, anusul botên mawi rêmbagan utawi sanjang dhatêng kancanipun. Wontên ing margi kapêthuk utusan kêkalih, pun Duga kalihan pun Prayoga. Tiyang tatiga lajêng sami wangsul dhumatêng ing Mêndhangkamolan, sowan ing ngarsanipun Prabu Jaka. Sang nata andangu: hèh Dora sira têka dhewe, kancanira Si Sêmbada ana ngêndi, dene ora ambarêngi lakunira. Iku apa sababe. Dora munjuk: mila kawula sowan piyambak, awit abdi dalêm pun Sêmbada kawula ajak botên purun. Prabu Jaka sangêt duka mirsa aturipun dora, kêsupèn bilih ing ngajêng sampun andhawahakên wawêling. Kados ingkang sampun kêsêbut ing ngajêng wau, lajêng ngandika: hèh Dora, balia mênyang ing pulo Majêthi, timbalana Si Sêmbada. [Sêmba...]

--- 124 ---

[...da.] Yèn mêksa ora gêlam, rêrêksane kêris, apadene sakèhing sasotya pundhutên. Yèn bôngga: uwisna, cangkingên êndhase, katura ing ingsun. Sira ingsun wangêni mung sapasar, dora munjuk sandika, lajêng mangkat.

Lampahipun Dora dumugi ing pulo Majêthi, kapanggih kalihan pun Sêmbada. Sêmbada apitakèn: saka ing ngêndi kowe Dora. Dora sumaur: aku nusul gusti. Gusti ing saiki wis jumênêng ratu ana nagara ing Mêndhangkamolan. Aku diutus animbali kowe, kèrida sarêrêksanmu kabèh. Sêmbada amangsuli: kapriye, kowe biyèn iya ngrungu dhewe pangandikane gusti, sapa sapa mundhut rêrêksanmu: aja kokulungake, yèn dudu aku dhewe, mêngkono timbalane gusti. Aku karo kowe padha ngrungu, môngka kokjaluk dhewe, dadi kowe iku nrajang bênêr. Ewadene sarèhne padha kakancan, ayo padha seba wong loro. Dora sumaur: apa kowe ora

--- 125 ---

ngandêl marang aku, awèh ora awèha, rêrêksanmu dakjaluk. Sêmbada sumambung: kowe iku aninggal tata, ambuwang bênêr. Yèn kokjaluk dhewe, amasthi aku ora awèh, awit kowe ora ngrungokake ujar kang bênêr, anurut pikirmu dhewe. Dora amangsuli sêru: kapriye ujarmu iku, apa kowe balela ing gusti. Angur ulungna, aja nganti nêmu kang ora bêcik. Sêmbada sumaur: basamu ora enak dirungokake. Kudu lumaku ginugu. Aku ora wêdi marang kowe, wêdi marang gustiku. Bokmanawa kowe ngamandaka, wis ngawula gusti liyane. Lajêngipun ing pabên sami tantang-tinantang, wusana sami kakêrêngan, sudukan, pêjah kalih pisan.

Prabu Jaka angajêng-ajêng utusanipun. Sarêng sampun langkung saking antawis botên dhatêng, angandika dhatêng pun Duga kalihan Prayoga: hèh sira padha nusula Dora mênyang ing pulo Majêthi. Wis kaliwat saka ing antara ora ana têka. Panduganingsun anêmu pakewuh utawa [uta...]

--- 126 ---

[...wa] padu. Duga, Prayoga munjuk sandika, lajêng mangkat.

Sadhatêngipun utusan kakalih ing pulo Majêthi, angupadosi pun Dora kalihan pun Sêmbada, pinanggih pêjah kalih pisan, labêtipun sami kakêrêngan. Lajêng sami mantuk sowan gustinipun, unjukipun: kawula kautus aniliki abdi dalêm pun Dora kalihan pun Sêmbada, inggih sampun. Nanging sami pinanggih pêjah kalih pisan. Labêtipun sami kakêrêngan sudukan. Prabu Jaka anjêngêr midhangêtakên pratelaning utusan, dangu botên sagêd ngandika. Wusana pangandikanipun: ingsun dhewe sing kaluputan. Ing ngarêp wis ingsun pêpacaki sakarone, iku ingsun ora kèlingan pisan-pisan. Wêkasan ingsun anggugu ature Si Dora, ambabolèhake kancane. Ingsun kalimput ing nêpsu, anêrak pêpacak ingsun dhewe.

Anuntên Prabu Jaka nganggit aksara Jawi kalih dasa. Wondening kang kadamêl uwit,hal. 127 tidak ada. [uwi...]

--- 127 ---

[...t,]

...hal. 128 tidak ada.

--- 128 ---

...

--- 129 ---

Gancarning Cariyos Arjunasasra

--- 130 ---

Ing mangke ingkang kacariyos nagari ing Mahispati, ratunipun ajêjuluk Arjunawijaya, inggih Sasrabau, utawi Arjunasasra, garwanipun anama Dèwi Citrawati, sêliripun wolung atus. Saha kathah ratu nagari ing ngamônca, ingkang lampahan sataun tuwin kalih taun, sami kabawah ing sang nata, pêpatihipun anama Suwônda, ingkang warni jumbuh akalihan sang nata.

Anuju satunggiling dintên Prabu Arjunasasra karsa amêng-amêng dhumatêng wana ingkang urut pasisir, lajêng andhawuhakên parentah dhumatêng Patih Suwônda, angundhangi bala tuwin para ratu, punapadene para satriya, kakarsakakên sami andhèrèk, Patih Suwônda anglêksanani dhawahipun Prabu Arjunasasra. Sarêng sampun sami pêpak, sang nata lajêng bidhal, anitih rata akalihan ingkang garwa sêlir wolung atus kakarsakakên andhèrèk.

--- 131 ---

Tindakipun sang nata sampun dumugi ing rêdi. Para pandhita ingkang adhadhepok wontên ing ngriku, sarêng midhangêt yèn sang nata pêpara dhumatêng wana, enggal sami amêthuk, saha sakalangkung sami suka bingahipun, awit panggenanipun katêdhakan ing ratu agêng. Sang nata sasampuning ambêbêdhag saha mêndhêt ulam, lajêng anyare ing pratapan. Wontên ing ngriku aginêm raos kalihan para pandhita, bab kautamaning lampah-lampah tuwin wajibipun ing agêsang. Enjing Dèwi Citrawati akalihan para sêlir sami angundhuh sêkar, sangêt sami suka bingahing galih. Anuntên sang prabu Arjunasasra bidhal saking pratapan wau, karsa amasanggrahan ing panggenan sanèsipun. Samargi-margi sang nata adêdana dhumatêng para abdi, botên wontên ingkang kalangkungan. Akathah pratapan ingkang dipun kèndêli, pundi ingkang risak andikakakên andandosi dhumatêng abdinipun, saha pinaringan ing saratipun anyaèni. Wusana tindakipun sang nata dumugi ing rêdi agêng, wontên ing ngriku Patih Suwônda ayasa pasanggrahanipun sang nata.