Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467 (Hlm. 132-272)

Katalog:Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467
Sambung:
1.Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467 (Hlm. 001-131). Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #935.
2.Urapsari, Padmasusastra, c. 1895, #467 (Hlm. 132-272) . Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #936.

--- 132 ---

Rêdi wau cakêt akalihan lèpèn agêng, toyanipun lêbêt saha santêr, têmpuk akalihan sagantên. Enjing sang nata akalihan ingkang garwa amêng-amêng dhatêng pinggiring lèpèn wau. Dèwi Citrawati kapingin badhe siram ing lèpèn, ananging kacandhêt awit saking lêbêt saha santêr, cuwaning galihipun ngantos katawis saking sêmu. Sang nata anggrahita, lajêng angandika dhumatêng ingkang garwa: aja susah atimu, prakara jêro lan santêring kali, mungguh panambaking kali, amurih cêthèke, aku kang nyaguhi, aja sing kali, sanajan sêgara, aku kaduga anambak. Apadene yèn kowe duwe karêp, anjaluk udhune swarga marang marcapada, aku iya kaduga. Sasampuning ngandika mêkatên, lajêng animbali Patih Suwônda, pangandikanipun sang nata: Suwônda, ingsun karsa sare ana sajroning kali, sira lan para ratu tuwin para punggawa padha rumêksaa pasanggrahan. Sakèndêlipun ngandika makatên, sang nata lajêng triwikrama, sakala sariranipun dados agêng kados rêdi, astanipun sèwu, anuntên para [pa...]

--- 133 ---

[...ra] dewa sami anjawahakên sêkar, minôngka pakurmat dhumatêng Prabu Arjunasasra. Para pandhita tuwin Dèwi Citrawati, saha para sêlir, punapadene para abdi agêng alit, sami angabêkti dhumatêng sang nata. Sarêng sampun sami ngabêkti, sang nata lajêng têdhak anggêbyur saha malang wontên ing lèpèn. Sakala toyanipun mambêk, kados dipun tambak, anuntên Dèwi Citrawati siram akalihan para sêlir wontên panggenan ingkang cèthèk.

Kacariyos Prabu Dasamuka, ingkang masanggrahan wontên ing pulo Manik, sakalangkung cuwanipun ing galih, amargi kala wontên ing rêdi Kelasa Prawata kaoncatan ing Dèwi Widawati. Salaminipun wontên ing pulo Manik wau sang nata tansah amêmuja, ingkang tinêdha ing sêmadi, kaugunga ing dewa sabarang karsanipun. Botên antawis dangu para danawa sami kagegeran, amargi katrajang ing toya agêng, inggih punika amberipun toya lèpèn, ingkang dipun tambak ing Sang Prabu Arjunasasra, angalèbi wana tuwin patêgalan saha [sa...]

--- 134 ---

[...ha] pasabinan. Saking agênging toya ingkang nungsung, ngantos angacaki pasanggrahanipun Prabu Dasamuka, para danawa alit-alit sami malangkrong wontên ing wit-witan. Prabu Dasamuka sakalangkung duka aningali ambering toya dhatêng ing pasanggarahan. Lajêng andhawahakên parentah anitik, ingkang andadosakên agênging toya. Wontên punggawa danawa satunggil, anama Sukasrana, punika ingkang kapatah anitik. Sukasrana lajêng mangkat. Botên antawis dangu wangsul, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, saha angaturakên ingkang pinanggih ing pamariksanipun. Sarêng Prabu Dasamuka sumêrêp saking pratelaning utusan, yèn ambèring toya wau saking pandamêlipun Prabu Arjunasasra, lajêng andhawahakên parentah dhumatêng Patih Prahasta, amêpak bala, badhe anglurugi Prabu Arjunasasra. Patih Prahasta sangêt botên amrayogèkakên karsanipun sang nata, awit Prabu Arjunasasra ratu agêng saha sêkti, angêrèhakên ratu kathah, sami sêkti-sêkti sadaya, sumêlangipun Patih [Pa...]

--- 135 ---

[...tih] Prahasta, yèn sang nata ngantosa mêngsah Prabu Arjunasasra, bokmanawi amanggih tiwas. Kathah-kathah aturipun kyai patih, ênggènipun murih sandening karsane ratunipun, punapadene anyêrêpakên, yèn Prabu Arjunasasra titisipun Bathara Wisnu, botên kenging linawan. Prabu Dasamuka botên andhahar aturing patih, ingkang amung amurih karaharjaning sariranipun. Malah sangêt andadosakên dukanipun, amidhangêtakên panggunggungipun Prahasta dhumatêng Prabu Arjunasasra, lajêng triwikrama, sariranipun dados agêng prasasat rêdi, astanipun wolung atus, sami anyêpêng dêdamêl sadaya, pangandikanipun dhumatêng Patih Prahasta: hèh paman patih, dêlêngên kasêktènku, apa ana isining jagad, kang wani tuwin bisa mêmalangi kêkarêpanaku, Si Arjunasasra manèh yèn wania mungsuh aku, dewa ing Suralaya kabèh kêkês andêlêng kasêktènku. Patih Prahasta botên ajrih matur malih, sangêt ing pangudi, sasagêd-sagêd badhe angampah karsaning ratunipun. Ananging Prabu Dasamuka kêkah [kê...]

--- 136 ---

[...kah] ing karsa, ênggènipun badhe nglurug. Patih Prahasta kagalih ajrih pêrang, lajêng kadhawahan kesah, kapurih tumuta dhumatêng Prabu Arjunasasra. Anuntên sang nata aparentah dhumatêng punggawa danawa, ingkang anama Mintragna, Wirupaksa, Dumraksa, saha Kampana, ambidhalakên prajurit, badhe anginggahi Prabu Arjunasasra. Botên antawis dangu bala danawa sampun pêpak, lajêng kabidhalakên. Patih Prahasta botên kantun, ananging lumampah wontên ing wingking, saha sangêt prihatosipun, awit Prabu Dasamuka anampik wulang prayogi, ingkang kenging andadosakên karaharjaning sarira saabdinipun sadaya.

Patih Suwônda sampun anampèni pratelanipun mantri ingkang nganglang, yèn ratuning danawa ingkang jêjuluk Dasamuka anginggahi, badhe anggitik Prabu Arjunasasra, lajêng andhawahakên parentah amêpak prajurit. Sawontênipun prajurit ingkang andhèrèk kapara tiga, ingkang kalih duman badhe kabêkta amêthukakên mêngsah, ingkang saduman katilar wontên ing

--- 137 ---

pasanggrahan, arumêksa Prabu Arjunasasra ingkang sawêg sare ing salêbêting toya. Pikajênganipun Patih Suwônda, mêngsah badhe kapêthukakên saking katêbihan supados sampun ngantos adamêl kagètipun Prabu Arjunasasra, sarêng sampun rampung ênggènipun amêmatah, Patih Suwônda lajêng bidhal, baris ing ngajêng tatindhihipun ratu ing Manggada, punika ingkang dados ulu-ulunipun para ratu, ingkang kalèrèh dhumatêng Prabu Arjunasasra. Anuntên kasambêtakên dening ratu ing Srawangga sabarisipun. Sawingkingipun ratu ing Srawangga ingkang anêpangi ratu ing Srawantipura, lajêng ratu ing Kalinggapati, anuntên Prabu Ngalatagnaya, sami sabarisipun piyambak-piyambak. Ingkang amungkasi Patih Suwônda saprajuritipun, lampahing baris agêng sampun dumugi ing ara-ara sasêlaning rêdi agêng, cakêt akalihan sagantên, wontên ing ngriku sami amasanggrahan.

Prabu Dasamuka sabalanipun mêdal ing awang-awang, saha sampun angungkuli pasanggrahanipun [pasanggrahani...]

--- 138 ---

[...pun] Patih Suwônda. Sang nata eram aningali kathahing baris, ingkang wontên ing ara-ara, andugi yèn Prabu Arjunasasra ingkang masanggrahan wontên ing ngriku, lajêng niyup sabalanipun, badhe anêmpuh ingkang sami pacak baris. Patih Suwônda saha para ratu wau sumêrêp, lajêng sami mêdal saking pasanggrahan, saha anata prajuritipun. Anuntên Prabu Dasamuka anguwuh-uwuh saking awang-awang:hèh Arjunasasra, yèn kowe ora gêlêm nyêmbah marang aku, amasthi mung sadina iki kowe andêlêng soroting srêngenge, awit ora wurung kowe sabalamu bakal tumpês dening aku, sanajan kowe dibiyantonana ing dewa, amasthi ora kêlar anadhahi pangamukku, mulane yèn kowe ngeman umurmu, dienggal angrungkêbana dalamakanaku, lan rajabranamu, tuwin anak-anake wadon para ratu kang kalèrèh ing kowe, padha saosna marang aku. Mung iku kang minôngka pamurunge patimu. Patih Suwônda amangsuli: hèh Dasamuka, aku dudu Prabu Arjunasasra, aku

--- 139 ---

iki patihe, jênêngku Suwônda, têkaku ing kene arêp amêmalangi lakumu, aja kowe kongsi amungu gustiku kang lagi sare. Yèn aku isih urip, amasthi ora kalakon kêkarêpanamu, sumêdya angrubêdi gustiku. Aku lan para ratu kalèrèhane gustiku amilalah tumpês ana ing paprangan, karo nungkul marang kowe. Prabu Dasamuka gumujêng amidhangêtakên wangsulanipun Patih Suwônda, lajêng angandika malih: sarèhne aku ratu gêdhe lan kawasa, patut tandhing pêrang karo ratumu Si Arjunasasra, yèn karo kowe aku ora gêlêm pêrang, awit kowe wong nistha, ora duwe kasêktèn. Eman gêgamanku yèn daktamakna ing kowe. Prabu Dasamuka sasampune ngandika mêkatên, lajêng mundur dhatêng pasanggrahanipun ing pulo Manik, sarwi andhawahakên parentah dhumatêng danawa punggawa, ingkang nama Kampana, Supwarsa, Dumraksa saha Mintragna, amêthukakên pêrangipun Patih Suwônda.

Anuntên punggawa danawa sakawan wau sabalanipun [saba...]

--- 140 ---

[...lanipun] sami mêdhun saking awang-awang, lajêng pêrang akalihan prajurit ing Mahispati. Ratu ing Manggada anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên jêmparing alêksan, andhawahi bala danawa, kathah ingkang pêjah. Anuntên Wirupaksa amusus tanganipun, amêdalakên lesus, anyirnakakên sakathahing jêmparingipun ratu ing Manggada, lajêng angabani balanipun, kapurih anêmpuha prajurit manungsa. Para danawa enggal angêbyuki, saha kathah angsalipun papêjah. Anuntên ratu ing Srawantipura anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên sela kathah, agêngipun sarêdi-rêdi, andhawahi bala danawa, saha kathah ingkang pêjah. Prabu Suryakètu anusuli jêmparing, punika amêdalakên naga tanpa wicalan, ananumpêsi bala danawa, amargi saking ampuhing wisanipun. Danawa punggawa ingkang nama Wirupaksa, Supwarsa, Gathodara, Brajamusthi, Wiloituksa, Marica, Pragasa, Prajôngga, Jambumangli, Puthadaksi, Mintragna, saha Sukasrana, sarêng aningali risakipun bala danawa, lajêng sami angawaki pêrang,

--- 141 ---

pangamukipun anggagirisi, kathah bala manungsa ingkang pêjah dening danawa punggawa wau. Anuntên ratu ing Manggada, ing Srawangga, saha ing Kalinggapati, sami têdhak saking rata, ambiyantoni pêrang, ewadèntên prajurit manungsa mêksa kontit pêrangipun. Patih Suwônda enggal anglêpasakên jêmparing, punika amêdalêkan dêdamêl warni-warni tanpa wicalan, andhawahi bala danawa, kathah ingkang pêjah anuntên danawa punggawa, ingkang sampun kasêbut wau angamuk malih, ananumpêsi bala manungsa, para ratu kalerehanipun Prabu Arjunasasra sarêng aningali risaking prajurit manungsa, lajêng sami ngamuk anêmpuh bala danawa. Ratu kalerehan wau wontên ingkang nama Prabu Soda, punika anglêpasakên jêmparing bajra, anêmpuh bala danawa, sadaya sami sirna kabêkta ing angin, sasirnanipun danawa alit-alit, amargi linêpasan jêmparing bajra dening Prabu Soda. Anuntên para punggawa danawa sami ngamuk, kapêthukakên dening para ratu kalerehan, saha dening Patih Suwônda, arame

--- 142 ---

pêrangipun. Wusana sakathahing danawa punggawa sami kawon saha pêjah sadaya, namung kantun satunggil, ingkang nama Sukasrana, punika lumajêng sabalanipun dhumatêng pulo Manik, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, lajêng angaturakên tiwasing para punggawa sabalanipun.

Prabu Dasamuka gèdhèg amidhangêtakên pratelanipun Sukasrana, gêrêng-gêrêng dangu botên sagêd ngandika. Wusana lajêng angundhangi bala, sakantunipun ingkang wontên ing pasanggrahan, saha amêmacak punggawa, gagêntosipun ingkang sami pêjah. Wondening ingkang kaangkat dados punggawa, anak utawi sadhèrèkipun ingkang sampun pêjah wau, sarta sami anunggak sêmi nama. Sasampuning amêmacak punggawa, Prabu Dasamuka lajêng bidhal saking pulo Manik, kadhèrèkakên ing Patih Prahasta sabalanipun. Bala danawa sawênèh wontên ingkang mêdal ing awang-awang, sawênèh mêdal ing dharatan, samargi-margi ambêbahaki padhusunan, saha amêmôngsa tiyang dhusun.

Sasirnanipun mêngsah danawa, para ratu kalerehan [kale...]

--- 143 ---

[...rehan] tuwin Patih Suwônda sami suka bingah, saha ngaub wontên sangandhaping wit-witan. Botên antawis dangu sami kagèt dening swaranipun bala danawa, ingkang sawêg dhatêng. Baris danawa wau anjog dhatêng dharatan, lajêng anêmpuh baris ing Mahispati. Sakala sami apêrang rame, Patih Prahasta ngamuk sarwi anumpak gajah, kathah angsalipun papêjah, kapêthukakên dening ratu kalerehan, ingkang jajuluk Wisabajra, gajahipun Patih Prahasta pêjah kagada dening Prabu Wisabajra wau. Sarêng Prabu Dasamuka aningali, yèn gajahipun Patih Prahasta pêjah, lajêng triwikrama, angamuk ananumpêsi, sakathahing jêmparing tuwin dêdamêlipun para ratu têlukan botên wontên ingkang tumama dhumatêng Prabu Dasamuka. Wusana para ratu wau kathah ingkang pêjah, sakantunipun sami lumajêng, angungsèkakên gêsang, awit giris aningali pangamukipun Prabu Dasamuka, sampun prasasat Bathara Kala badhe anggêmpur jagad.

Patih Suwônda sarêng aningali mawudipun para [pa...]

--- 144 ---

[...ra] ratu, lajêng adamêl sêrat, katangsulakên ing cakra, linêpasakên dhumatêng para ratu ingkang sami kaplajêng wau, ijêmaning sêrat: hèh para ratu kang padha lumayu saka ing paprangan, têka ora wêruh ing isin, giris andêlêng mungsuhe sêkti, lali yèn tinitah ratu, mungguh pati lan urip gumantung ana ing Hyang Suksma Kawêkas. Iya iku kang aparing kêraharjan lan cilaka, sarta kang anitahake para ratu, kinacèk lan sapadha-padhaning tumitah, sabab dening apa kowe padha miris amungsuh Si Dasamuka. Jênênging ratu kang satêmêne amasthi sugih wirang, lan kêndêl pêrang, kowe iku padha kinulit daging marang Sang Prabu Arjunasasra, saka karêpanamu diêmong. Apa kang kowalêsake, yèn ora gêtih lan patimu. Yèn ora mangkonoa, eman nagara diadêgi ratu kang kaya kowe, ratu kang sajati ora gêlêm mingkêd saka ing marganing kautaman. Yèn maju marang ing paprangan, anyipta bakal sêmadi, papaning pêrang kang minôngka padupan, panah lan gêgaman liyane dianggêp ratus tuwin urubing gêni, êgong

--- 145 ---

dianggêp gêntha. Yèn ratu anumpês satru salah amasthi gêdhe ganjarane ana ing jagad kailangan. Saupama olèhe nêdya anyirnakake kadursilan, kongsi tumêka ing pati, amasthi bakal munggah ing swarga, katêmu lan jawata linuwih, iya iku Bathara Wisnu lan dewa nayaka wawolu.

Para ratu ingkang sami kaplajêng wau sarêng anampèni sêratipun Patih Suwônda, mêdal malih kapurunanipun. Lajêng sami wangsul dhatêng ing paprangan sabalanipun, saha tanglêd malih akalihan Prabu Dasamuka, ananging kawon sarta pêjah sadaya. Sakantuning balanipun sami mawud. Anuntên Patih Suwônda numpak rata, lajêng dhumatêng ing paprangan. Prabu Dasamuka aningali, yèn kapêthukakên ing Patih Suwônda, lajêng angandika: hèh Suwônda, kowe iku têka mêksa arêp angayoni aku, aluwung mundura dienggal, matura marang gustimu Si Arjunasasra, yèn dakêntèni ana ing paprangan. Awit iku kang patut pêrang karo aku. Yèn aku dudu tandhingmu, ora wurung kowe ajur ana [a...]

--- 146 ---

[...na] ing tanganku. Patih Suwônda amangsuli: hèh ratu buta, yèn aku isih urip, amasthi ora kalakon kowe pêrang karo gustiku Prabu Arjunasasra. Gustiku ratu gêdhe, ambêk utama, eman yèn tandhinga karo kowe, awit kowe buta murka rêrêgêding jagad, aku bae nguwisi pêrang marang kewe.kowe. Prabu Dasamuka sarêng dipun wangsuli makatên, lajêng anglêpasakên limpung, kadhawahan dening jêmparingipun Patih Suwônda, limpung wau tugêl, angantos dangu ênggènipun sami lêpas linêpasan jêmparing, ananging botên wontên ingkang ngengingi. Wusana Patih Suwônda anglêpasakên jêmparing cakra kenging jangganipun Prabu Dasamuka pagas. Sang nata seda dhawah ing siti, ananging sarèhning kagungan aji pôncasona, mastaka ingkang sampun pagas wau tungtum malih akalihan gêmbung. Prabu Dasamuka gêsang malih lajêng mumbul dhatêng ing awang-awang, Prabu Dasamuka kêrêp seda dening jêmparingipun Patih Suwônda, ananging gêsang malih amargi saking sawabipun aji pôncasona. Wusana Patih Suwônda anglêpasakên [anglê...]

--- 147 ---

[...pasakên] jêmparing trisula, kenging jajanipun Prabu Dasamuka, seda dhawah ing siti, saha sampun gêsang malih, ananging sang nata botên wungu, api-api seda. Patih Suwônda andugi yèn sampun pêjah, lajêng têdhak saking rata, amurugi layonipun sang nata, badhe katigas mastakanipun. Sarêng badhe kajambak, Prabu Dasamuka wungu, saha anggêlut dhumatêng Patih Suwônda. Dhuwungipun lajêng karêbat, kadamêl anigas gulunipun kyai patih. Sarêng gulunipun kyai patih sampun katigas, sirah akalihan gêmbungipun sami ngamuk. Adamêl girising para danawa punggawa, saha susahing galihipun Prabu Dasamuka. Anuntên sang nata anglêpasakên jêmparing bajra, sirah saha gêmbung wau sirna kabêkta ing jêmparing, sakantuning balanipun Patih Suwônda mawud.

Prabu Arjunasasra sawungunipun sare wontên ing lèpèn, sampun midhangêt pawartos, yèn wontên mêngsah danawa dhatêng saking nagari Ngalêngka, saha sampun kapêthukakên dhumatêng Patih Suwônda. Sang nata sarêng anampèni

--- 148 ---

pawartos wau, saking sumêlangipun dhumatêng Patih Suwônda, manawi ngantos amanggih tiwas wontên ing paprangan, lajêng angundhangi bala, karsa atêtulung dhumatêng pêpatihipun. Sarêng prajurit sampun pêpak, sang nata lajêng bidhal. Wontên ing margi kapêthuk akalihan putranipun Prabu Soda, saha dipun pratelani bab pêjahipun Patih Suwônda sarta para ratu tatêlukan. Prabu Arjunasasra sakalangkung duka amidhangêt pêjahipun Patih Suwônda, lajêng andhawahakên parentah amêlak lampahing baris. Anuntên Sang Hyang Kanekaputra têdhak, mêndhak-mêndhak ing ngarsanipun sang nata, saha andhawahakên timbalanipun Bathara Guru, sang nata kapurih anyandèkna ênggènipun badhe pêrang akalihan Prabu Dasamuka, awit dèrèng dumugi ing wêwatêsaning môngsa pêjahipun Dasamuka, ingkang sampun kapasthi ing Bathara Guru. Benjing yèn Sang Prabu Arjunasasra anitis sapisan malih dhumatêng manungsa, ingkang angratoni kêthèk, ing ngriku mangsaning pêjahipun Prabu Dasamuka sabalanipun danawa sadaya, mila

--- 149 ---

Prabu Arjunasasra ing mangke kaaturan kondur, sampun ngantos amêjahi Dasamuka. Wangsulanipun Prabu Arjunasasra, botên sumêdya badhe amêjahi Prabu Dasamuka, namung badhe kaangkah kawonipun kemawon, awit yèn botên makatêna, Dasamuka amasthi botên sampun-sampun anggène adamêl kasusahaning jagad. Sang Hyang Kanekaputra kèndêl, ananging tut wingking tindakipun Prabu Arjunasasra. Sarêng sampun dumugi ing paprangan, sang nata andhawahakên parentah anata baris. Hyang Kanekaputra lajêng pamit kondhur dhumatêng ing kadewatan.

Prabu Dasamuka taksih pacak baris wontên ing awang-awang. Sarêng aningali wontên baris agêng andhatêngi, lajêng niyup sabalanipun, anêmpuh prajurit ing Mahispati, arame tanglêdipun danawa kalihan manungsa. Anuntên Prabu Dasamuka anglêpasakên kunta, saha bramahastra. Jêmparing kêkalih wau amêdalêkan jêmparing tanpa wicalan, sarta mêdalakên latu agêng. Enggal Prabu Arjunasasra anglêpasakên [anglêpasa...]

--- 150 ---

[...kên] jêmparing panulak, anyirnakakên prabawanipun Prabu Dasamuka. Prabu Dasamuka anglêpasakên kunta malih, ananging inggih ugi sirna katulak ing jêmparing Prabu Arjunasasra. Anuntên sang raja danawa triwikrama, sariranipun dados agêng kados rêdi, saha murub, sirahipun sadasa. Prabu Arjunasasra lajêng anglêpasakên jêmparing trisula, anglêpasi kenging jangganipun Prabu Dasamuka, mastakanipun sadasa rantas, nanging botên antawis dangu tungtum malih akalihan gêmbung, Prabu Dasamuka lajêng gêsang malih, saha amêdalakên prabawa, amurih tumpêsipun bala ing Maispati, ananging sakathahing prabawanipun sami sirna dening jêmparingipun Prabu Arjunasasra. Sarèhning Prabu Arjunasasra wêlas aningali risaking abdinipun, ingkang amargi saking pangamukipun Dasamuka, dados karsanipun badhe adamêl rampunging pêrang. Sang nata lajêng triwikrama, sariranipun dados agêng, angungkuli sariranipun Prabu Dasamuka, astanipun sèwu, sami anyêpêng dêdamêl sadaya, lajêng tanglêd akalihan sang raja

--- 151 ---

danawa wontên ing awang-awang, angantos dangu ênggènipun lêpas-linêpasan jêmparing, saha angabên kaluwihan. Ananging kathahing kaluwihanipun Dasamuka kontit, sangêt andadosakên kakêning galihipun, ngantos muwun saha ngêrik-ngêrik, swaranipun kados gêlap.

Botên antawis dangu Bathari Durga garwanipun Bathara Guru tumêdhak, karsa atatulung dhumatêng Prabu Dasamuka, sakala jagad pêtêng dhêdhêt. Prabu Arjunasasra sumêrêp, yèn punika pandamêlipun Bathari Durga, lajêng angasta dhêndha, saha ngandika sêru: hèh Bathari Durga, kowe iku salah gawe, lah iya diprayitna, tadhahana dhêndhaku iki, sarêng dhêndha lumêpas, papêtêng wau lajêng sirna, Bathari Durga katingal kawujudanipun, enggal wangsul dhatêng kayanganipun. Prabu Arjunasasra tumuntên anglêpasakên jêmparing dibya, angengingi jangganipun Prabu Dasamuka rantas. Mastakanipun dhawah ing siti, ananging lajêng tungtum malih akalihan gêmbungipun. Anuntên enggal cinandhak ing Sang Prabu Arjunasasra, Dasamuka botên sagêd ebah,

--- 152 ---

ical kasêktènipun, lajêng dipun rante. Saking sangêting lingsêmipun, Prabu Dasamuka api-api seda. Sarêng bala danawa aningali yèn gustinipun sampun kawon, saha kacêpêng ing Sang Prabu Arjunasasra, enggal sami lumajêng, angungsèkakên gêsang, namung Patih Prahasta ingkang botên lumajêng, malah amurugi Prabu Arjunasasra, saha anyungkêmi padanipun, aturipun sarwi anangis: dhuh Prabu Arjunasasra, manawi parêng ing karsa dalêm, mugi angapuntêna kalêpanipun Rawana, sampun ngantos kapêjahan, ingkang kalawau botên kakirangan ênggèn kawula angèngêtakên, sampun ngantos purun-purun amêngsah panjênêngan dalêm, ananging sarèhning pun Rawana taksih ênèm, saha cupêt ing budi, dados kirang santosaning manah, ênggènipun anyakêp sakathahing pawulang sae. Mila panyuwun kawula, ênggènipun purun-purun ing panjênêngan dalêm, mugi kagaliha saking bodhonipun. Prabu Arjunasasra gèdhèg amidhangêtakên aturipun Patih Prahasta, botên mawi amangsuli pangandika,

--- 153 ---

anuntên Patih Prahasta matur kathah-kathah dhumatêng Prabu Dasamuka, amêlèhakên kadadosaning tindakipun ingkang botên lêrês, saha ênggènipun angumbar aluamah. Prabu Dasamuka kèndêl kemawon. Anuntên Prabu Arjunasasra bidhal, badhe kondur dhumatêng pasanggrahan. Dasamuka kaêmotakên ing rata, kalampahakên wontên ing ngajêng.

Wontên danawa punggawa ing Ngalêngka satunggil anama Sukasrana, amalih warni manungsa, angakên abdi ing Mahispati, sowan ing ngarsanipun Dèwi Citrawati, sarta agadhah atur doracara, yèn Prabu Arjunasasra seda wontên ing paprangan, saha Prabu Dasamuka badhe rawuh ing pasanggrahan, lajêng amboyongi garwa tuwin sêliripun Prabu Arjunasasra. Dèwi Citrawati sakalangkung kagèt amidhangêt pawartos makatên wau, ciptaning galih, aluwung pêjaha akalihan kawêngku ing sanèsipun. Enggal anyandhak patrêm, lajêng asuduk sarira, sêlir wolung atus inggih sami bela pêjah sadaya. Sarêng Dèwi Citrawati

--- 154 ---

sampun seda, Sukasrana enggal kesah, saha sampun awarni danawa malih.

Prabu Arjunasasra sarawuhipun ing pasanggrahan, sangêt kagèt saha prihatos ing galih, aningali sedaning garwa. Botên antawis dangu dewa ingkang rumêksa ing lèpèn amanggihi sang nata, sarwi anyaosi toya, anama Tirtamarta, inggih punika toya pagêsangan. Sarêng layonipun Dèwi Citrawati dipun tètèsi ing toya wau, lajêng gêsang malih saha botên wontên tilasing brana, makatên ugi sêlir wolung atus sami gêsang malih, amargi saking sawabing toya wau. Anuntên dewa ingkang rumêksa lèpèn wau anyêrêpakên dhumatêng Prabu Arjunasasra, mênggah namaning danawa ingkang andadosakên jalaran sedanipun Dèwi Citrawati tuwin sêlir wolung atus. Satêlasing pratelanipun lajêng mantuk.

Samantukipun dewa ingkang rumêksa lèpèn, Prabu Arjunasasra akalihan ingkang garwa lajêng siram dhumatêng ing lèpèn. Para sêlir sami

--- 155 ---

andhèrèk. Sasampuning siram, sang nata kagungan karsa badhe andikakakên ngupadosi danawa pun Sukasrana ingkang gadhah atur doracara wau, karsanipun badhe kapêjahan, ananging Dèwi Citrawati botên parêng, dados botên èstu kaupadosan. Anuntên DewaDèwi. Citrawati badhe sumêrêp warninipun babêstan ratu ing Ngalêngka. Prabu Arjunasasra lajêng andhawahakên parentah anyowanakên. Sarêng sampun dumugi ing ngarsanipun sang nata, saha sampun kaêdhunakên saking rata, Dèwi Citrawati sarta para sêlir tuwin para abdi èstri sami aningali.

Wontên pandhita linuwih, sampun sumêngka pangawak braja, saha dados dewa ing Suralaya, anama Pulastha, kaprênah buyutipun Prabu Dasamuka. Mênggah sajarahipun punika Pulastha apêputra Bagawan Padma, Bagawan Padma apêputra Prabu Wisrawa, Prabu Wisrawa apêputra gangsal, pambajêngipun ajajuluk Dhanapati, ingkang jumênêng ratu wontên ing Lokapala, ingkang sakawan patutan saking Dèwi Sukèsi, putri

--- 156 ---

ing Ngalêngka, anama Dasamuka, Kumbakarna, Sarpakanaka, saha Wibisana. Pulastha wau tumêdhak saking swarga, amanggihi Prabu Arjunasasra, anyuwunakên pangapuntên ingkang wayah, supados sampun ngantos kapêjahan. Ing ngajêng Prabu Arjunasasra botên parêng anggêsangi dhumatêng Dasamuka, amargi dados jalaraning tumpêsipun bala ing Mahispati, nanging sarêng Sang Rêsi Pulastha sagah anggêsangakên sakathahing abdi ing Mahispati ingkang sami pêjah wontên ing paprangan, sang nata lajêng andhawahakên parentah anguculi Prabu Dasamuka kairida ing ngarsanipun. Prabu Dasamuka sarêng sampun kaluwaran, lajêng kasowanakên ing ngarsanipun Prabu Arjunasasra, saha anyungkêmi padanipun sang nata. Sasampuning kaparingan pangapuntên, Prabu Arjunasasra saha sang Rêsi Pulastha sami amulang kathah-kathah dhumatêng Dasamuka, kapurih amantunana kalakuanipun ingkang botên prayogi. Dasamuka aprajangji badhe angèstokakên sakathahing wulang wau. Anuntên Rêsi Pulastha kèndêl, saha angêningakên tingal, botên [bo...]

--- 157 ---

[...tên] antawis dangu lajêng jawah, sakathahing manungsa tuwin danawa, punapadene kapal gajah sapanunggilanipun, ingkang sampun sami pêjah wontên ing paprangan, sarêng kajawahan, lajêng sami gêsang sadaya, andadosakên suka pirênaning galihipun Prabu Arjunasasra. Anuntên Sang Rêsi Pulastha pamitan dhumatêng nata, mantuk dhatêng ing Suralaya.

Samantukipun Sang Rêsi Pulastha, Prabu Arjunasasra kondur sabalanipun dhumatêng nagari ing Mahispati. Prabu Dasamuka badhe andhèrèkakên, ananging Prabu Arjunasasra botên parêng. Dasamuka kadhawahan mantuk dhatêng Ngalêngka saha kalulusakên ênggènipun jumênêng ratu.

--- 158 ---

...

--- 159 ---

Gancaring Cariyos Rama

--- 160 ---

Ing nagari Ngayodya wontên ingkang jumênêng ratu, ajajuluk Dhasarata, sudibya saha mungkul dhatêng ing agami, putus dhatêng ing sastra, tuwin dhatêng sawarnining kawruh, asih dhatêng para abdinipun, ingkang tan pêgat asring kaganjar. wondening ingkang kagalih amung isarat, ingkang kenging andadosakên karaharjaning nagarinipun. Sang nata kagungan garwa tiga, anama Dèwi GuRagu. utawi Sukosalya, kalih Dèwi Sumitra, tiga Dèwi Kekayi. Prabu Dhasarata botên kagungan putra, saha sangêt kapenginipun apêputra kakung, ingkang katitisan ing Bathara Wisnu. Lajêng animbali pandhita satunggil, anama Bagawan Wasistha, kakarsakakên ambudi isarat kasêmbadaning puji sagêdipun apêputra kakung. Pamrayoginipun Bagawan Wasistha, sang nata asidhêkaha dhumatêng para dewa, inggih punika ingkang minôngka isarat kadugening karsanipun sang prabu. Pirêmbagipun Bagawan Wasistha makatên wau lajêng linampahan.

Lami-lami garwa tatiga wau sami ambobot. Ingkang ambabar rumiyin Dèwi Sukosalya, [Suko...]

--- 161 ---

[...salya,] miyos kakung, kaparingan nama Rama. Anuntên Dèwi Kekayi ambabar kakung, kaparingan nama Brata, lajêng Dèwi Sumitra apêputra kakung, kaparingan nama Laksmana. Botên antawis lami Dèwi Sumitra wau ambabar malih kakung, kaparingan nama Satrugna.

Rajaputra kawan wau sasampuning diwasa, lajêng kapasrahakên dhumatêng Bagawan Wasistha, supados kawulanga ing sawarnining kawruh, saha kadigdayan tuwin lampah-lampahing pêrang. Sarêng sampun sami putus dhatêng ing ngèlmi ingkang winulangakên sadaya, lajêng kabêkta kondur dhumatêng kadhatonipun ingkang rama. Wontên ing ngriku putra sakawan wau komuk ing kawigyan saha kadigdayanipun.

Kacariyos wontên êmpuning para pandhita, anama Bagawan Yogiswara, akalihan Bagawan Mitra, sami sowan anyuwun pitulung dhumatêng Prabu Dhasarata, amargi pratapaning pun karêsahan ing danawa, balanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka. Panyuwunipun pandhita kêkalih wau, putranipun sang nata ingkang nama Rama kaparingna, [kaparing...]

--- 162 ---

[...na,] supados anyirnakna sawarnining danawa, ingkang angrêsahi wau, ing ngajêng sang nata botên parêng, awit putranipun kagalih taksih katimurên, dèrèng kuwawi mêngsah danawa. Ananging sarêng pandhita kêkalih wau anyêrêpakên ing wajibing ratu, amitulungi ing kasusahan, sang prabu lajêng parêng, putranipun ingkang nama Rama kabêktakakên dhatêng pandhita kêkalih wau, Radèn Laksmana tumut dhatêng ingkang raka.

Sadhatêngipun ing rêdi pratapanipun sang pandhita kêkalih wau, sakathahing pandhita ingkang adhadhepok wontên ing ngriku sami suka bingah, sarta amêmulang ing sawarnining ngèlmi dibya dhumatêng Rama akalihan Laksmana punapadene sami anyaosi jêmparing. Anuntên sakathahing danawa, ingkang angrêsahi pratapan, sami katumpês dening rajaputra kêkalih, namung satunggil anama Marica ingkang botên pêjah, katut kabêkta ing jêmparing braja, dhawah wontên pinggiring sagantên. Ing mangke sampun sirna raribêdipun para pandhita ingkang adhadhepok wontên ing rêdi wau.

--- 163 ---

Sasirnanipun danawa ingkang sami angrêrêsahi pratapan, para pandhita amirêmbagi dhumatêng Rama, kapurih lumampaha dhumatêng nagari ing Mantili, ingkang dipun ratoni dhumatêng Prabu Janaka, punika kagungan putra èstri satunggil, ayu tanpa sisihan, anama Dèwi Sinta. Sampun kathah para ratu tuwin para satriya ingkang sami nglamar, nanging Dèwi Sinta anampik. Ewadèntên sang dèwi karsa ugi akrama, manawi wontên ingkang kuwawi amênthang gandhewa wasiyat saking Sang Hyang Girinata, ingkang dumunung wontên ing kadhatonipun ingkang rama. Inggih ugi sampun kathah para ratu tuwin para satriya, ingkang ngayoni badhe mênthang gandhewa wau, ananging botên wontên ingkang kuwawi, mila Rama kapurih dhumatênga ing Mantili, awit kagalih kuwawi amênthang gandhewa wau, sarta badhe anggarwa Dèwi Sinta.

Rama angèstokakên pitêdahipun para pandhita, lajêng lumampah dhatêng nagari ing Mantili, akalihan ingkang rayi Radèn Laksmana. Sadhatêngipun ing Mantili, tumuntên kauningan ing

--- 164 ---

Sang Prabu Janaka, yèn wontên tiyang kêkalih dhatêng, badhe angayoni mênthang gandhewa dibya. Sarêng satriya kêkalih sampun kasowanakên ing ngarsanipun Prabu Janaka, sang nata lajêng amaringakên gandhewa dibya dhumatêng Rama. Gandhewa pinênthang dhumatêng Rama lajêng tikêl, andadosakên gumunipun ingkang sami aningali sadaya.

Sasampuning Prabu Janaka sumêrêp, yèn Rama akalihan Laksmana sami putranipun Prabu Dhasarata ing Ngayodya, enggal anglampahakên utusan dhumatêng ing Ngayodya, angaturi Prabu Dhasarata, supados anjênêngana pikramenipun Rama angsal Dèwi Sinta. Prabu Dhasarata lajêng bidhal dhatêng ing Mantili. Sarêng Rama sampun kadhaupakên akalihan Dèwi Sinta. Prabu Dhasarata pamit dhumatêng Prabu Janaka, kondur dhumatêng ing Ngayodya, putra sakalihan saha putra mantu sami andhèrèk.

Anuntên wontên pandhita agêng inggil mêdal saking wana, anama Bagawan Jamadagni, utawi Ramabargawa, ambêkta gandhewa satunggil, agêngipun sauwiting tal, amurugi dhumatêng

--- 165 ---

Rama, kapurih amênthanga gandhewanipun wau. Yèn Rama kuwawi amênthang, Bagawan Jamadagni narimah yèn kawastanana kawon dening Rama, bilih botên kuwawi amênthang, Rama narimaha kawastanan kasoran dening sang pandhita. Gandhewa katampèn dhumatêng Rama, kapênthang lajêng tikêl, andadosakên kagèt saha eramipun sang pandhita. Anuntên Bagawan Jamadagni sumêngka pangawak braja, anunggil para dewa ing Suralaya, Prabu Dhasarata andumugèkakên lampah, rawuh ing nagari Ngayodya.

Prabu Dhasarata lajêng kagungan karsa, badhe asèlèh kaprabon dhumatêng putranipun ingkang nama Rama, kasupèn yèn ingkang wau sampun aprajangji dhumatêng Dèwi Kekayi, sadèrèngipun kagarwa, prajangjinipun, ingkang manawi Dèwi Kekayi apêputra kakung akalihan sang nata, punika ingkang badhe kagêntosakên dados ratu. Sarêng Rama kajumênêngakên ratu, Dèwi Kekayi angundhat-undhat saha anagih prajangji dhumatêng sang nata, anyuwun pangangkatipun Radèn Brata, angasta kaprabon ing Ngayodya, saha anyuwun kesahipun [ke...]

--- 166 ---

[...sahipun] Rama saking nagari. Prabu Dhasarata sangêt prihatos ing galih, amidhangêtakên aturipun ingkang garwa wau, ewadèntên inggih anuruti panyuwunipun Radèn Brata kajumênêngakên ratu, Rama kadhawahan kesah saking nagari, sang nata saking sêkêling galih, adalêm wontên patamananipun ing kadhaton.

Rama angèstokakên dhawahipun ingkang rama, lajêng kesah saking nagari, akalihan ingkang garwa, Radèn Laksmana andhèrèk. Lampahipun anjujug ing wana agêng, para abdi ing Ngayodya kathah ingkang sami andhèrèk. Dumugi ing dalu sami lêrêb wontên ing wana. Sarêng lingsir dalu, sarta para abdi ingkang andhèrèk wau sampun sami tilêm sadaya, Rama lolos saking wana, akalihan Dèwi Sinta, punapadene Radèn Laksmana, sarêng enjing para abdi sami angupadosi, ananging botên pinanggih, lajêng sami wangsul dhatêng ing nagari.

Prabu Dhasarata ing sakesahipun ingkang putra, botên kuwawi anandhang prihatosing galih, [galih...]

--- 167 ---

[...,] lajêng seda. Sasampuning layon karêsikan saha kabêsmi, Radèn Brata angundhat-undhat dhumatêng ingkang ibu, awit dados jalaraning sedanipun ingkang rama, Radèn Brata botên karsa jumênêng ratu, lajêng tindak dhumatêng wana, sumêdya angupadosi ingkang raka, badhe kaaturan jumênêng ratu. Sarêng srêngenge sêrap, lampahipun dumugi ing pratapanipun pandhita satunggil. Wontên ing ngriku nyare sadalu, sarta amundhut pitêdah dhatêng sang pandhita, mênggah panggenanipun ingkang raka, atur wangsulanipun sang tapa, yèn Rama wontên ing rêdi Kutharunggu, apuruhita dhatêng pandhita linuwih.

Enjing Radèn Brata mangkat saking pratapan, anjujug rêdi ing Kutharunggu kapanggih akalihan ingkang raka. Sasampuning amratelakên bab sedaning rama, ingkang raka lajêng kaaturan kondur, sarta jumênêng ratu ing nagara Ngayodya, nanging Rama anampik aturing rayi, malah ingkang rayi kapurih kondura, saha angastaa kaprabon. Radèn Brata ajrih mopo ing rèhipun sadhèrèk sêpuh. Sarêng

--- 168 ---

sampun kawulang dhumatêng Rama pratikêlipun jumênêng ratu, Radèn Brata lajêng kondur dhumatêng nakarinagari. ing Ngayodya, saha angasta kaprabon.

Sakonduripun Radèn Brata, Rama akalihan ingkang garwa, tuwin Radèn Laksmana, sami têdhak saking rêdi ing Kutharunggu, sumêdya dhatêng rêdi ing Dhandhaka. Wontên ing margi kapêthuk akalihan danawa agêng, anama Wiradha, panunggilaning balanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, damêlipun asring amamêjahi, punapadene angarubiru dhumatêng para pandhita, pun Wiradha wau lajêng dipun pêjahi dhumatêng Rama.

Rama andumugèkakên lampah, angampiri pratapaning pandhita satunggil, anama Bagawan Yoga. Sang Bagawan Yoga wau anggènipun tapa alit mila, ingkang tinêdha ing tapa, icala sakathahing lampah rêsah, ingkang saking pandamêlipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, ingkang adamêl kasusahanipun ing sabumi. Bagawan Yoga wau amêthuk rawuhipun Rama, sarta agadhah pitidah,pitêdah. Rama kapurih dhumatênga ing dhepokipun pandhita, ingkang anama Sutiksna.

--- 169 ---

Sasampuning amituturi, Bagawan Yoga lajêng obong.

Rama sakalangkung ngungun aningali sang pandhita obong, tumuntên andumugèkakên lampah, kèndêl wontên ing dhepokipun Sang Pandhita Sutiksna, wontên ing ngriku anggaguru ngèlmi ngantos lami. Sarêng sampun anyakêp sakathahipun ingkang winulangakên, Rama lajêng pamit dhatêng sang pandhita, alumampah malih, anggêr wontên pratapan dipun kèndêli. Sasampuning apuruhita dhatêng para pandhita ingkang sami tapa, lajêng andumugèkakên lampah, wusana rawuh ing rêdi Dhandhaka, andadosakên suka bingahipun para pandhita, ingkang sami tapa wontên ing rêdi Dhandhaka wau, amargi pratapanipun asring dipun rêsahi ing danawa, anamtokakên yèn rajaputra kêkalih sagêd anyirnakakên raribêdipun.

Kacariyos wontên danawa èstri, sadhèrèkipun ênèm Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, awasta Sarpakanaka, punika kautus dhumatêng kang raka wau, amariksani rêdi ing Dhandhaka.

--- 170 ---

Sadumuginipun ing rêdi wau, aningali Rama akalihan ingkang garwa, punapadene Laksmana. Sarpakanaka kasmaran dhatêng Laksmana, lajêng amalih warni èstri ayu, supados karêmênana, ananging Laksmana anampik. Sarpakanaka kapurih sowana dhumatêng Rama, inggih ugi linampahan. Nanging Rama inggih anampik. Sarpakanaka tumuntên wangsul dhatêng panggenanipun Laksmana, sarta anggodha, angangkah dipun rêmênana. Laksmana duka salêbêting galih, lajêng anyandhak irungipun Sarpakanaka, pinuntir pêgat. Sarpakanaka ngêrik sarta nangis. Lajêng mumbul saha sêsumbar, badhe apratela dhumatêng ingkang jalêr danawa kêkalih, awasta Trimurda akalihan Karadusana. Danawa kêkalih wau sarêng dipun wartosi dhatêng Sarpakanaka, yèn sinikara dhatêng Laksmana, lajêng sami mangkat dhatêng rêdi ing Dhandhaka, angirid bala danawa kathahipun salêksa. Sadhatêngipun ing Dhandhaka, sakathahing danawa wau tumpês dening Rama akalihan Laksmana.

Sasirnanipun danawa wau sadaya, Sarpakanaka [Sarpakana...]

--- 171 ---

[...ka] lumampah dhumatêng nagari ing Ngalêngka, badhe angunjuki uninga dhumatêng ingkang raka, ingkang ajajuluk Dasamuka, utawi Rawana. Prabu Dasamuka wau putranipun Bagawan Wisrawa, sadhèrèkipun tatiga, kakung kêkalih, èstri satunggil, ingkang kakung nama Kumbakarna, akalihan Wibisana, ikang èstri Sarpakanaka wau, Kumbakarna akalihan Sarpakanaka sami awarni danawa, Wibisana awarni manungsa. Sarpakanaka sadhatênge ing ngarsanipun ingkang raka, lajêng apratela bab tumpêsing bala danawa dening Rama saha Laksmana, punapadening ênggènipun karisak sipatipun dening Laksmana, sarta anyariyosi, yèn Rama kagungan garwa ayu tanpa timbang, pantês kagarwaa dhumatêng Prabu Dasamuka.

Prabu Dasamuka sakalangkung duka amidhangêtakên pratelanipun ingkang rayi. Sasampuning anyakecani manahipun ingkang rayi, lajêng tindak dhumatêng rêdi ing Dhandhaka, sumêdya malês dhumatêng Rama. Wontên ing margi angampiri dhangkaning abdinipun danawa, ingkang nama Marica. Sarêng sampun anyêrêpakên ingkang dados karsanipun, [karsani...]

--- 172 ---

[...pun,] Marica kadhawahan andhèrèk. Marica sangêt mambêng ing karsanipun Prabu Dasamuka, sarta angaturakên cariyos bab kadigdayanipun Rama akalihan Laksmana. Aturipun Marica botên kadhahar, malah andadosakên dukanipun. Marica badhe kapêjahan. Enggal anyungkêmi padanipun sang nata, rumojong ing sakarsa, saha sagah amalih warni kidang ingkang awulu êmas, badhe anglalèdhèk dhumatêng Rama akalihan Laksmana, kapurih kesaha saking panggenanipun dadunung, supados Dèwi Sinta kantuna piyambak, saha kenginga kadhustha dhumatêng sang nata. Prabu Dasamuka parêng aturipun Marica makatên wau, lajêng tindak dhumatêng ing Dhandhaka, Marica andhèrèk awarni kidang.

Sarawuhipun ing Dhandhaka, Prabu Dasamuka ampingan kajêng agêng, Marica ingkang amindha warni kidang galibêdan cakêt ing dhepokipun Rama. Dèwi Sinta aningali sangêt kayungyunipun dhatêng kidang wau, ingkang raka lajêng dipun aturi nyêpêng. Rama anuruti, Laksmana katilar wontên ing dhepok, arumêksa Dèwi Sinta. Kidang kaêtutakên [ka...]

--- 173 ---

[...êtutakên] lampahipun angantos têbih, tansah angoncati kemawon. Dangu-dangu andadosakên panasing galihipun Rama, lajêng dipun lêpasi jêmparing kenging, ungêling kidang kalanipun kenging jêmparing, pamirêngipun Dèwi Sinta kados Rama asêsambat nêdha tulung dhatêng Laksmana. Laksmana lajêng kapurih anulungana, ananging botên purun, awit sumêrêp yèn ungêling kidang, ingkang kenging ing jêmparing. Pamoponipun Laksmana andadosakên rêngating galihipun Dèwi Sinta ngantos kawiyos pangandikanipun gangsul dhumatêng Laksmana, dados kapêksa kesah, anusul ingkang raka.

Sakesahipun Laksmana, Dasamuka amindha-mindha ajar, amurugi Dèwi Sinta, kacêpêng lajêng kabêkta mumbul. Prabu Dhasarata kagungan sadhèrèkan ratuning pêksi anama Jathayu, punika mirêng panuwun saha sêsambatipun Dèwi Sinta wontên ing awang-awang, lajêng anututi sumêdya atatulung, kapanggih akalihan Dasamuka, ngantos apôncakara, ananging Jathayu [Jatha...]

--- 174 ---

[...yu] kawon, Dèwi Sinta siyos kabêkta dhatêng Prabu Dasamuka, dumugi nagari ing Ngalêngka, kadumunungakên wontên ing patamanan salêbêting kadhaton, ananging Dèwi Sinta sangêt ewanipun dhumatêng Prabu Dasamuka.

Sawangsulipun Rama ambêkta kidang ingkang sampun pêjah kajêmparing wau, kapêthuk akalihan Laksmana, dipun dangu sababipun anusul. Laksmana amangsuli ingkang dados pandangu, anuntên Rama kondur dhatêng dhepokipun. Dèwi Sinta pinanggih botên wontên, sangêt andadosakên rêdatosing galihipun Rama, lajêng angupadosi, ananging botên pikantuk lari. Sadangunipun analasah akalihan Laksmana, Rama aningali pêksi agêng kados rêdi ngandhuruk wontên ing siti, suwiwinipun ical sasisih, inggih punika Jathayu, ingkang kawon pêrang akalihan Prabu Dasamuka. Panggalihipun Rama, inggih pêksi wau ingkang andhustha Dèwi Sinta, lajêng badhe dipun lêpasi jêmparing. Jathayu sarêng sumêrêp yèn badhe dipun jêmparing, enggal matur dhumatêng Rama, analarakên [ana...]

--- 175 ---

[...larakên] sakathahing lampah, kalanipun tanglêd akalihan Dasamuka, saking ênggènipun badhe angrêbat Dèwi Sinta. Sasampuning têlas cariyosipun, Jathayu lajêng pêjah. Rama agêng panarimahing galih dhumatêng Jathayu, amargi saking mantêpipun amêmitran kalihan Prabu Dhasarata, ngantos awadal umuripun, saking ênggènipun sumêdya angrêbat Dèwi Sinta. Bathanging pêksi lajêng dipun saèni saha kabêsmi.

Sasampuning ambêsmi bathang pêksi wau, Rama akalihan Laksmana lumampah malih, aningali danawa tanganipun panjang, anama Dirgabau. Rajaputra kêkalih lajêng angunus curiga, tanganing danawa tinigas tugêl, danawa wau lajêng malih warni bagus, cahyanipun kados srêngenge, acariyos dhatêng Rama, yèn waunipun dewa, anama Bathara Sri, mila warni danawa, awit anglangkahi wêwayanganipun Bathara Guru. Bathara Sri lajêng anyêrêpakên dhumatêng Rama, yèn Dèwi Sinta kadhustha dhatêng Dasamuka, ratu ing Ngalêngka, sarta ing têmbe Rama badhe kapanggih malih akalihan ingkang garwa, kalihdening malih Rama [Ra...]

--- 176 ---

[...ma] kapurih atatulunga dhumatêng ratuning kêthèk, anama Sugriwa, ingkang akadhaton ing guwa Kiskêndha.

Kacariyos Rama, ingkang masanggrahan wontên ing rêdi Suwela, apirêmbagan akalihan para punggawa kêthèk. Mênggah prayoginipun ingkang linampahan. Pamrayoginipun Rama, badhe angantêp karsanipun Prabu Dasamuka, punapa ingkang katartamtokakên, anyiosakên pêrang, utawi bêdhami lajêng amangsulakên Dèwi Sinta. Wondening ingkang pinilih lumampah dhumatêng Ngalêngka, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, putranipun Prabu Subali ingkang sampun seda, anama Anggada. Anggada sarêng sampun anampèni dhawah, enggal mangkat dhumatêng Ngalêngka, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, saha amratelakakên lampahipun kautus wau. Prabu Dasamuka kêkah botên karsa amangsulakên Dèwi Sinta, amilalah pêrang akalihan Rama. Anggada lajêng wangsul dhatêng

--- 177 ---

rêdi Suwela angaturakên angsal-angsale ênggènipun kautus. Rama lajêng andhawahakên parentah, angêrig bala kêthèk, kakarsakakên sami apradandosan badhe pêrang. Ing saunduripun Anggada saking ngarsanipun Prabu Dasamuka, sang nata inggih andhawahakên parentah, amêpak bala danawa, amirantos sadêdamêling pêrang.

Bala ing Ngalêngka sampun sami pacak baris wontên ing sajawining kitha. Rama lajêng bidhal saking rêdi Suwela, badhe anglurugi nagari ing Ngalêngka, sawarnining kêthèk sami ambêdholi wit-witan, sawênèh mêndhêt sela, tuwin ambêdholi rêdi, punika sadaya badhe minôngka dêdamêlipun. Pangangsêgipun bala kêthèk sampun dugi sajawinipun kitha ing Ngalêngka, kitha sampun kêmput kinêpang ing balanipun Rama. Anuntên Prabu Sugriwa andhawahakên parentah dhumatêng para punggawa, têrang saking karsanipun Rama, botên kalilan amiwiti pêrang, angêntosana panêmpuhipun bala danawa.

--- 178 ---

Sarêng Prabu Dasamuka midhangêt pawêrtos, yèn mêngsah sampun angêpang kitha, lajêng andhawahêkan parentah anêmpuh ing pêrang, arame tanglêdipun danawa akalihan kêthèk, kathah danawa tuwin kêthèk ingkang pêjah. Dangu-dangu bala kèthêk sami alit manahipun, aningali kancanipun kathah pêjah, lajêng sami bibar. Prabu Sugriwa sarêng sumêrêp, yèn bala kêthèk kaplajêng, lajêng andhawahakên parentah dhumatêng Anoman, Anala, saha Anila, kapurih ambiyantonana ingkang sami kaplajêng wau. Anuntên punggawa tatiga wau sami lumampah, amamurun dhumatêng kêthèk ingkang sami kaplajêng. Botên antawis dangu mêdal malih kapurunanipun, lajêng wangsul saha tanglêd malih akalihan danawa. Anoman akalihan Anala, punapadene Anila, ambiyantoni, danawa kawon, sarta kathah ingkang pêjah. Sakawonipun bala danawa, gajahipun Prabu Dasamuka kaangsahakên ing pêrang, kathah angsalipun papêjah kêthèk alit-alit. Prabu Sugriwa tumuntên aparentah dhumatêng punggawa kêthèk, amêthukakên pangamuking gajah, [ga...]

--- 179 ---

[...jah,] rame tanglêding gajah akalihan kêthèk. Wusananipun gajah kawon, sinêmpal-sêmpal ing kêthèk kathah, anuntên ingkang sami têrang kasaput ing dalu, lajêng sami mundur dhumatêng pasanggrahanipun piyambak.

Sarêng enjing wiwit sami pêrang malih, anuntên wontên punggawa danawa satunggil, agêng saha inggil sampun prasasat rêdi, anama Prajôngga, amêdali ing paprangan, angangge limpung, bala kêthèk sami gawok aningali, wondening ingkang amêthukakên Prajôngga wau, punggawa kêthèk ingkang nama Sampati, dêdamêlipun kajêng sagodhongipun. Rame pêrangipun akalihan Prajôngga, wusana Prajôngga pêjah kadhawahan kajêng dhumatêng Sampati. Anuntên wontên danawa kêkalih sami sadhèrèk, anama Puthadaksi, akalihan Pratapanaksi. Sarêng aningali yèn Prajôngga pêjah, enggal majêng dhatêng ing paprangan. Saha amamêjahi kêthèk alit-alit, isarat latu ingkang mêdal saking mripatipun. Prabu Sugriwa sarêng aningali yèn balanipun kathah ingkang kabêsmi [ka...]

--- 180 ---

[...bêsmi] dening latu wau, lajêng adhêdhawah dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang anama Anala, kapurih amêthukna danawa kêkalih wau, Anala anglêksanani, sasampuning tanglêd rame, Puthadaksi akalihan Pratapanaksi sami pêjah dening Anala, ing awang-awang kathah para dewa ingkang aningali pêrang, sami sangêt suka bingahipun, ing sapêjahipun danawa kêkalih wau, lajêng sami anjawahakên sêkar, sarta sanèsipun ingkang wangi-wangi, anuntên danawa ingkang awasta Jambumangli majêng ing paprangan, anyêpêng Nanggala, kapêthukakên dhatêng Anoman sarwi angindhit rêdi-rêdi kabandhêmakên, Jambumangli kenging lajêng pêjah. Sapêjahipun Jambumangli, danawa gagêdhugipun ing Ngalêngka ingkang majêng ing paprangan, anama Mintragna. Dêdamêlipun limpung, Wibisana ingkang amêthukakên, Mintragna kagada pêjah.

Prabu Sugriwa amêdali pêrang, pangamukipun anggagirisi, kathah punggawa danawa ingkang sami pêjah dening Sugriwa, anuntên punggawa danawa ingkang nama Bajramusthi majêng, dêdamêlipun limpung kapêthukakên dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang awasta [a...]

--- 181 ---

[...wasta] Arimenda, arame pêrangipun. Wusana Bajramusthi kapulir gulunipun lajêng pêjah. Sapêjahipun Bajramusthi, anakipun Kumbakarma majêng, anama Aswanikumba, kapêthukakên dhatêng Anila, sasampuning tanglêd dangu, Aswanikumba pêjah, amargi kapuntir gulunipun, anuntên danawa ingkang wasta Anipraba amêdali, atandhing pêrang akalihan kêthèk ingkang nama Druwenda, dadamêlipun kajêng tal. Anipraba pêjah dening Druwenda. Sapêjahipun Anipraba, Wirupaksa ingkang amêdali, atandhing pêrang akalihan Laksmana. Wirupaksa pêjah amargi dipun jêmparing. Anuntên Radèn Indrajit numpak rata, amêdali pêrang, kapêthukakên dhumatêng Anggada, dêdamêlipun kajêng agêng, ratanipun Radèn Indrajit rêmuk kasabêt ing kajêng dening Anggada, sangêt andadosakên wirangipun. Lajêng mundur saking paprangan. Lumêbêt dhatêng ing sanggar pamêlêngan, ananêdha ing dewa, sagêda unggul ing pêrang.

Saunduripun Indrajit amamuja wontên ing sanggar pamêlêngan, Rama wêlas aningali bala kêthèk. Amargi kathah pêjah dening danawa,

--- 182 ---

lajêng anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên jêmparing kathah tanpa wicalan, angengingi bala danawa, kathah ingkang pêjah, andadosakên girisipun ingkang kathah-kathah, lajêng sami bibar, angungsi dhatêng salêbêting kitha, kitha lajêng kinêpang ing bala kêthèk.

Anggonipun sêmadi Radèn Indrajit ngantos sêrap. Sarêng sampun dalu lajêng mêdal saking sanggar pamêlêngan, anglêpasakên jêmparing naga, anama Nagapasa, sakala ing awang-awang kaèbêkan dening swara kados gêlap. Adamêl kagètipun bala kêthèk. Anuntên jêmparing ingkang kalêpasakên wau, amêdalakên naga agêng-agêng tanpa wicalan, sami amulêt sakathahing bala kêthèk, dalasan Rama akalihan Laksmana inggih kapulêt, sadaya sami rêbah, saha sirna karosanipun, Wibisana kagèt aningali ingkang sami kenging ing bilai, saha sumêrêp yèn punika pandamêlipun Indrajit, lajêng mêdal sarwi anyangking gandhewa, Indrajit sumêrêp, enggal lumajêng lumêbêt ing kadhaton, sowan ing ngarsanipun ingkang rama,

--- 183 ---

saha angunjuki uninga, yèn Rama akalihan Laksmana sabalanipun sampun kapulêt ing naga. Prabu Dasamuka sarêng midhangêt pratelaning putra, sakalangkung suka pirêna ing galih, ingkang putra dipun rangkul, sang nata lajêng anggêganjar dhumatêng balanipun.

Anuntên Dèwi Sinta akalihan Dèwi Trijatha sami nitih wimana, badhe sumêrêp ing jawi kitha, sarêng Dèwi Sinta aningali saking katêbihan, yèn Rama saha Laksmana sabalanipun sami kapulêt ing naga, sarta sampun prasasat pêjah, lajêng kantu dhawah saking wimana, Dèwi Trijatha kagèt saha amuwun sangêt. Dèwi Sinta enggal kabêkta wangsul dhumatêng ing taman Soka, wontên ing ngriku èngêt, lajêng sumêdya suduk sarira, ananging Dèwi Trijatha anggendholi, sarwi angasrêpi galihipun Dèwi Sinta, anamtokakên yèn Rama botên ngantos dhumatêng ing seda, awit kalanipun Anoman anggêmpur ing taman Soka, inggih kapulêt ing naga, dene botên ngantos pêjah, malah ambêsmi kadhaton ing Ngalêngka, sasampuning nyakecani [nya...]

--- 184 ---

[...kecani] makatên, Dèwi Trijatha lajêng nyuwun lilahipun Dèwi Sinta, badhe sowan ing ngarsanipun ingkang Rama, saha matur pitakèn, mênggah bilai ingkang pinanggih ing Rama akalihan Laksmana, punapa ngantos andadosakên sedanipun, utawi botên. Dèwi Sinta parêng, Trijatha lajêng mangkat, mêdal ing awang-awang. Sadhatênge ing panggenanipun ingkang rama, lajêng matur pitakèn mênggah ingkang dados papêsthènipun Rama akalihan Laksmana, wangsulanipun Wibisana, Rama botên ngantos dhumatêng ing seda, yèn ngantosa seda, amasthi bumi akalihan langit tumut sirna, mila Dèwi Sinta anyirnakna prihatosing galih, anamtokna ing dalêm batos yèn Rama badhe unggul ing pêrang. Dèwi Trijatha sasampune kasêrêpakên makatên dhumatêng ingkang rama, lajêng wangsul dhumatêng taman Soka, sakathahing pangandikanipun ingkang rama kapratelakakên dhumatêng Dèwi Sinta. Dèwi Sinta sarêng midhangêt aturipun Dèwi Trijatha, lajêng lêjar, saha sirna prihatosing galih.

--- 185 ---

Wibisana sowan ing ngarsanipun Rama, amratelakakên sakathahing aturipun Dèwi Trijatha, Rama sangêt ngêrês ing galih amidhangêtakên. Wusana angandika dhumatêng Sugriwa, Anggada, saha Anoman. Sarèhning sariranipun amanggih bilai prasasat sampun pêjah, sami kapurih mantuka dhumatêng ing guwa Kiskêndha, sampun ngantos anglabuhi bilainipun. Ananging Sugriwa, Anggada tuwin Anoman botên purun. Aturipun: sanajan dumugia ing pêjah, botên nêdya pisah akalihan Rama. Sakèndêlipun aturipun Prabu Sugriwa, Anggada tuwin Anoman, Rama lajêng amamuja salêbêting galih, botên antawis dangu para dewa ing Suralaya sami tumêdhak dhumatêng panggenanipun Rama, saha anggunggung kasêktènipun Rama, punapadene angèngêtakên yèn Rama titisipun Bathara Wisnu, amasthi sagêd anyirnakakên bilai, ingkang pinanggih ing sariranipun, tuwin ing bala kêthèk sadaya, sasampuning pitutur makatên, para dewa ingkang jibêg wontên ing awang-awang, sami anjawahakên sêkar, sarta sanèsipun [sanèsi...]

--- 186 ---

[...pun] ingkang wangi-wangi, botên antawis dangu wontên angin agêng dhatêng, sakathahing naga ingkang anggubêd Rama saha Laksmana, tuwin bala kêthèk, sami kasingsal katêmpuh ing angin, kados upamine dipun tatasi, sasirnaning naga, sawarnining kêthèk sami bingah-bingah, mêdal malih kapurunanipun, sami asurak-surak, lajêng angêpang kitha ing Ngalêngka, Prabu Dasamuka kagèt amidhangêt swaraning surakipun bala kêthèk, enggal utusan amariksa, sarêng sumêrêp saking pratelaning utusan, yèn naga ingkang amulêt mêngsah sampun sirna sadaya, saha bala kêthèk ingkang angwontênakên swara wau, punapadene kitha sampun kêmput kinêpang ing mêngsah, Prabu Dasamuka sangêt prihatos ing galih, anyipta badhe asor pêrangipun, ewadene kêkah karsanipun, amilalah seda ing paprangan akalihan nungkul dhumatêng Rama. Sarêng sampun kêkah ing cipta badhe anglabuhi nagarinipun, sang nata amarentahi punggawa danawa satunggil, anama Dumraksa, kakarsakakên amêdali ing paprangan.

--- 187 ---

Dumraksa enggal amêpak bala danawa tanpa wicalan, lajêng anumpak rata, angangge dêdamêl limpung, bidhal dhatêng sajawining kitha, wontên ing ngriku balanipun anêmpuh mêngsah. Tandangipun bala kêthèk sami ambudi pêjah, botên antawis dangu bala danawa kawon, sarta kathah ingkang pêjah, sarêng Dumraksa aningali yèn bala danawa sami kasoran, enggal majêng angamuk. Pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang pêjah dening pangamukipun, anuntên Anoman atatulung, sarwi amandhi sela agêngipun sarêdi, Dumraksa lajêng mêdhun saking rata, tanglêd akalihan Anoman, wusana Dumraksa kawon, pêjah kabanting ing sela. Sapêjahipun Dumraksa, sakantuning balanipun sami kaplajêng sadaya, wangsul dhumatêng ing kitha, angunjuki uninga dhumatêng Prabu Dasamuka, yèn Dumraksa sampun pêjah ing paprangan. Sang nata ngungun ing galih, lajêng animbali punggawa danawa gagêdhug, anama Kampana, kadhawahan amêdali ing paprangan, Kampana enggal anindhihi bala, mêdal dhatêng sajawining kitha, [ki...]

--- 188 ---

[...tha,] atandhing pêrang akalihan Anoman, ananging kawon. Pêjah amargi dipun antêbi rêdi, anuntên balanipun sami lumajêng dhatêng ing kitha, angunjuki uninga ing sang prabu, yèn Kampana sampun pêjah, Prabu Dasamuka sakalangkung prihatos ing galih, bab pêjahipun Kampana, dangu botên sagêd ngandika, wusana andhawahakên parentah animbali pêpatihipun, ingkang anama Prahasta. Sasampuning sowan ing ngarsa, sang nata awêwartos, yèn punggawa danawa gagêdhug sampun kathah ingkang pêjah dening kêthèk, mila kyai patih kakarsakakên amêdali ing paprangan. Patih Prahasta anyandikani, mundur saking ngarsanipun sang prabu, lajêng mantuk badhe amuja sêmadi. Sasampuning asêmadi, enggal angêrig balanipun. Lajêng amêdali ing paprangan, pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang tumpês dening limpungipun Patih Prahasta. Sarêng Prabu Sugriwa aningali, yèn bala kêthèk kawon, saha kathah ingkang pêjah, enggal aparentah dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang awasta Anila, kapurih amêthukna pêrangipun Patih [Pa...]

--- 189 ---

[...tih] Prahasta, Anila anyandikani, lajêng mêdal ing paprangan. Dêdamêlipun kajêng randhu kuning, panjangipun gangsal dhêpa, sadhatêngipun ing paprangan, Patih Prahasta anglêpasakên limpung, ambarubul wêdalipun. Angêbyuki dhumatêng Anila, ananging satunggil botên wontên ingkang angengingi, awit saking wasising panangkisipun. Arame anggènipun sami tanglêd, botên wontên ingkang kasoran. Awit saking sami digdaya, saha wasisipun anangkis dêdamêl ingkang katandukakên, wusana Anila angêmpakakên upayaning pêrang, api-api kawon lajêng angoncati, Patih Prahasta ambujêng ngantos dumugi ing jurang, wontên ing ngriku Anila api-api pêjah, Patih Prahasta taksih tut wingking, anuntên Anila aningali sela cêmêng wontên pinggiring jurang, enggal dipun pêndhêt kabêkta mumbul, kaêntêbakên ing sirahipun Patih Prahasta, kalêrêsan kengingipun, Patih Prahasta lajêng pêjah, balanipun mawur, sami lumêbêt dhumatêng ing kitha, angunjuki uninga dhumatêng Prabu Dasamuka, yèn Patih Prahasta pêjah ing paprangan.

--- 190 ---

Prabu Dasamuka sarêng dipun unjuki uninga, yèn Patih Prahasta pêjah, sakalangkung kagèt, saha maras ing galih, enggal andhawahakên parentah, animbali ingkang rayi Kumbakarna, ingkang sawêg sare, anuntên danawa lêksan sami lumampah dhumatêng panggenanipun Kumbakarna, ambêkta kêndhang bèri saha bêndhe, sadhatênge ing panggenanipun, gêndhang bèri tuwin bêndhe wau sami katabuh, sarta para danawa sami asurak-surak. Punika minôngka pamungunipun Kumbakarna, ananging Kumbakarna botên anglilir, ingkang anggugah sami kakên manahipun. Lajêng amêndhêt dêdamêl, katamakakên ing jêngkunipun Kumbakarna, akathah pratingkahing danawa anggènipun amurih wungunipun. Wontên ingkang anyuduki, sawênèh amupuh, sawênèh andhawahi sela, wontên ingkang ambêkta rata, apa ngirid kapal. Punapadene ambêkta gajah atusan. Sami kaambahakên ing jajanipun Kumbakarna, ananging Kumbakarna taksih angêca-eca sare, wusana ingkang anggugah sami sayah, saha sêdhih manahipun. [manahi...]

--- 191 ---

[...pun.] Dados sami kèndêl anjêtung kemawon. Anuntên wontên danawa sêpuh satunggil, agadhah aji wisikan. Kumbakarna kawisik lajêng wungu, andangu sababipun kawungu, sarêng Kumbakarna sumêrêp saking aturipun para danawa mantri, yèn katimbalan dhumatêng ingkang raka, saha kathah danawa bupati sabalanipun ingkang pêjah, punapadene Patih Prahasta inggih pêjah, Kumbakarna enggal dandos. Sasampuning dhahar, lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang raka.

Sarêng Kumbakarna sampun dhatêng ing ngarsanipun ingkang raka, Prabu Dasamuka amartosi bab pêjahipun punggawa danawa, ingkang kawical sêkti, tuwin pêjahipun Patih Prahasta, anggènipun sami pêrangan akalihan kêthèk, Kumbakarna kapurih amêdalana pêrang, anyirnakna Rama akalihan Laksmana sabalanipun. Sasampuning sang nata kèndêl angandika, Kumbakarna lajêng amêlèhakên tindakipun sang nata ingkang botên lêrês, anggènipun botên andhahar aturipun Wibisana, tuwin wêwulanging ibu, punapadene pituturing Eyang Bagawan Sumali, mila [mi...]

--- 192 ---

[...la] ing mangke kasusahan ingkang pinanggih, kathah-kathah pangundhat-undhatipun Kumbakarna, amêlèhakên tindak ingkang lêpat, andadosakên dukanipun Prabu Dasamuka, ingkang rayi lajêng katundhung mantuk. Kumbakarna sarêng dipun dukani saha katundhung dhumatêng ingkang raka, lajêng mundur saking ngarsanipun, mêdal dhatêng sajawining kitha, anjujug ing paprangan. Pratingkahipun angajrih-ajrihi, kados Bathara Kala têdhak dhumatêng marcapada, badhe anggêmpur jagad. Panggêronipun kados swaraning gêlap. Napasipun ingkang miyos saking grana kados upaminipun lesus. Akathah wit-witan ingkang sol tuwin sêmpal dening napasipun, babujêngan ing wana sami bibar, angungsi ing jurang saha papèrèng, awarni-warni jalajat ingkang katingal, amèngêti dhumatêng Kumbakarna, yèn badhe kasoran ing pêrang, ananging Kumbakarna botên gigrik galihipun, sampun ambudi pêjah. Bala kêthèk sami kagèt, anyana yèn Prabu Dasamuka miyos anyarirani pêrang, lajêng sami angêbyuki, sariranipun Kumbakarna kaebêkan dening kêthèk, [kê...]

--- 193 ---

[...thèk,] kados upaminipun rêdi kinêmulan ing mega, akathah pratingkahing kêthèk anggenipun amurih badhe ngêsorakên Kumbakarna, wontên ingkang angarutug sela, angantêbi rêdi, anyabêt kalihan kajêng agêng, andhupak, tuwin anyokot, ananging sadaya punika botên kadamêl raos dhumatêng Kumbakarna, malah sela tuwin rêdi ingkang dhawah ing sariranipun sami sumyur, wusana bala kêthèk sami sayah, Kumbakarna lajêng malês. Pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang pêjah kawênyêd, wontên ingkang kinipatakên, dhawah têbih lajêng pêjah, sawênèh pêjah kasabêtakên ing wêntis. Wontên ingkang sinêmpal-sêmpal, wontên ingkang dipun kêmah-kêmah, sakantunipun sami giris mawur lumajêng ngungsi dhumatêng redi Suwela, tuwin dhumatêng ing jurang-jurang.

Anggada sarêng aningali, yèn bala kêthèk sami kaplajêng, enggal mêdal saking pasanggrahan, amurugi ingkang sami kaplajêng wau, akathah-kathah wicantênipun ênggène amamurun. Anuntên sami wangsul malih dhumatêng ing paprangan, angêbyuki

--- 194 ---

Kumbakarna, kabiyantonan dening para bupati kêthèk. Ananging botên sagêd angawonakên Kumbakarna, malah sangsaya kathah malih kêthèk ingkang pêjah, anuntên Wibisana matur, dhumatêng Rama, yèn botên wontên karsanipun Rama anglêpasi jêmparing tumuntên dhumatêng Kumbakarna, amasthi bala kêthèk tumpês sadaya, awit ing jagad tatiga botên wontên ingkang sagêd angêsorakên, dalasan Bathara Endra, tuwin Hyang Baruna, punapadene Bathara Yama, botên sagêd anglawan. Sasampuning Wibisana ngandika makatên, Prabu Sugriwa lajêng amêdali pêrang, arame tanglêdipun, akalihan Kumbakarna, sami digdayanipun. Botên wontên ingkang kasoran. Wusana Kumbakarna anyandhak limpung, wawrat sagulmakati, kalêpasakên dhumatêng Prabu Sugriwa. Sadangunipun Prabu Sugriwa pêrang akalihan Kumbakarna, Anoman amêmanuki ingkang paman. Sarêng limpung lumêpas, enggal dipun candhak saha kabêkta mumbul dhatêng awang-awang, lajêng katugêl, dados botên ngantos kenging dhumatêng Prabu Sugriwa, [Sugri...]

--- 195 ---

[...wa,] Kumbakarna enggal anyandhak rêdi, kabalangakên dhumatêng Prabu Sugriwa, Sugriwa kenging lajêng kalêngêr, anuntên dipun candhak dhumatêng Kumbakarna, kabêkta mundur saking paprangan.

Rama akalihan Laksmana sangêt kagètipun, aningali yèn Prabu Sugriwa kasoran saha kacêpêng, lajêng sami angasta jêmparing, sumêdya ambelani, anuntên Anoman andhatêngakên angin agêng, Prabu Sugriwa sarêng kasiliran ing angin lajêng èngêt, sumêrêp yèn kacêpêng, tumuntên angèngêt-èngêt margine sagêdipun uwal saking Kumbakarna, wusana kapanggih ing pambudi, astanipun kêkalih anyandhak kupingipun Kumbakarna kiwa têngên, sukunipun amancal dhadha, lajêng lumumpat sarwi anyaut irung, irung tuwin kupingipun Kumbakarna kalih pisan puthul, Sugriwa sampun uwal. Kumbakarna sarisaking sipatipun anjêngêr, sangêt wirangipun. Lajêng wangsul dhumatêng ing paprangan, ananumpêsi kêthèk, Wibisana sarêng aningali tumpêsipun bala kêthèk, lajêng matur dhumatêng Rama, kaaturan ambiyantoni pêrang, amênggak [amêng...]

--- 196 ---

[...gak] pangamukipun Kumbakarna. Laksmana enggal anglêpasakên jêmparing, kenging makuthanipun Kumbakarna kasingsal, anuntên Rama anglêpasakên jêmparing, kenging pupunipun Kumbakarna rantas kalih pisan, ewadene taksih sagêd anyawatakên dhêndha, angengingi kêthèk kathah ingkang pêjah, Rama anglêpasakên jêmparing malih, kenging baunipun Kumbakarna ingkang têngên sêmpal, kantun tanganipun ingkang kiwa, ambêdhol wit-witan agêng, kaobat-abitakên, angengingi kêthèk kathah ingkang pêjah, Rama anglêpasakên jêmparing malih, kenging tanganipun Kumbakarna ingkang kiwa sêmpal. Sasirnaning bau akalihan suku kalih pisan, Kumbakarna mangap, amêdalakên angin agêng awor wisa, anuntên Rama anglêpasakên jêmparing, wêdalipun ambrubul. Angêbêki cangkêmipun Kumbakarna lajêng pêjah.

Sarêng misuwur yèn Kumbakarna pêjah dening Rama, Prabu Dasamuka muwun, sangêt prihatosing galih, amung anyipta badhe amagihamanggih. bilai, anuntên putranipun sakawan amêdali pêrang, anama Trisirah, Trikaya, Narantaka,

--- 197 ---

Dewa Tantaka, akanthi êmbanipun kêkalih, sami danawa, awasta Mantaka, akalihan Samaramênta, kapêthukakên dening Laksmana, saha Anoman, tuwin Anggada, punapadene Anila. Putra sakawan saêmbanipun wau kawon sami pêjah sadaya, balanipun mawur, angungsi dhatêng ing kitha, saha angunjuki uninga dhumatêng sang nata, bab tiwasing putra sakawan saêmbanipun. Sang nata ngênês ing galih, apêsing sarira sampun katingal. Anyipta yèn badhe kasoran ing pêrang, botên antawis dangu, putranipun pambajêng ingkang nama Radèn Indrajit sowan, angrarapu dhumatêng ingkang rama, sampun ngantos kagungan panggalih ajrih atandhing pêrang kalihan Rama, awit Indrajit sagah anyirnakakên Rama saha Laksmana sabalanipun. Prabu Dasamuka sarêng midhangêt aturing putra, ulatipun bingar, saha suka pirêna ing galih, ingkang putra lajêng dipun dhawahi anglêksanani pangrisakipun dhumatêng Rama sabalanipun. Sasampuning srêngenge sêrap, Radèn Indrajit mêdal dhumatêng paprangan, anglêpasakên jêmparing [jêmpa...]

--- 198 ---

[...ring] anama Mohanasara, mawi dipun mantrani aji sasirêp, sarêng jêmparing sampun lumêpas, sakathahing bala kêthèk kenging sawabing jêmparing wau, sami pêjah tilêm sadaya. Namung ingkang jêjêr bupati botên pêjah, ananging sami sangêt aripipun lajêng tilêm kapatos. Saha maripatipun sami pêndul. Rama akalihan Laksmana, inggih makatên ugi, wondening ingkang lêpat ing aji sasirêp namung Wibisana, sarêng Wibisana sumêrêp, yèn Rama saha Laksmana amanggih bilai, ingkang saking pandamêlipun Indrajit. Lajêng amurugi panggenanipun Rama saha Laksmana, ingkang sawêg sami sare, sasampuning kawungu lajêng kaaturan suryan. Anuntên Anoman kautus ing Rama dhatêng ing rêdi Imagiri, amêndhêt godhong sandilata, minôngka jampinipun ingkang sami pêjah tilêm.

Anoman enggal lumampah, ananging sarèhning dèrèng sumêrêp warninipun godhong sandilata, saha ing sadèrèngipun mangkat dèrèng ngantos nêrang, dados sangêt kèwêdan ing manah, wusana rêdi ing Magiri dipun bêdhol, kabêkta

--- 199 ---

dhumatêng ngarsanipun Rama, Rama lajêng mêthik godhong sandilata, kausapakên maripatipun, sakala waluya, anuntên godhong kaparingakên dhumatêng Anoman, kapurih angusapna maripatipun sawarnining kêthèk ingkang pêjah, Anoman anglêksanani, kêthèk lajêng sami gêsang malih.

Radèn Indrajit sawangsulipun saking amasang sasirêp wau, sowan ing ngarsanipun ingkang rama, angunjuki uninga, yèn Rama saha Laksmana sabalanipun sampun sami pêjah. Prabu Dasamuka sakalangkung suka pirêna ing galih, lajêng kasukan adhahar eca, botên antawis dangu, amidhangêt swara rame sangêt, inggih punika sabawanipun bala kêthèk. Sami angrampit saha ambêsmi kadhaton ing Ngalêngka, ingkang sawêg sami kasukan bingung aningali latu mubal andados. Anuntên tatas rahintên. Bala kêthèk sami mundur dhumatêng sajawining kitha, Prabu Dasamuka enggal andhawahakên parentah, amêpak bala danawa sakantunipun ingkang sampun pêjah, ingkang anyenopatèni putranipun Kumbakarna, [Kumbakar...]

--- 200 ---

[...na,] anama Kumba-kumba, asipat danawa agêng saha inggil kados rêdi, akanthi êmbanipun kêkalih sami danawa, awasta Kampa akalihan Dyajaksa, Anggada kadhawahan dhumatêng rama amêthukakên Kumba-kumba, enggal anglêksanani, êmban kêkalih wau pêjah dening Anggada, Kumba-kumba pêjah dening Prabu Sugriwa, sakantuning balanipun Kumba-kumba sami mawur, lumajêng angungsi dhumatêng ing kitha, ing mangke andêl-andêlipun Prabu Dasamuka namung kantun ingkang putra Radèn Indrajit, akalihan punggawa danawa tatiga, anama Wiloitaksa, Maundara, Gathodara.

Prabu Dasamuka sarêng anampèni atur bab pêjahipun Kumba-kumba, akalihan êmbanipun kêkalih, sangêt prihatos ing galih saha pamuwunipun, botên antawis dangu Radèn Indrajit sowan ing ngarsanipun ingkang rama, ingkang sawêg angrêdatos, Radèn Indrajit sasampune anyakecani galihing rama, lajêng amêpak balanipun, amêdali pêrang, arame tanglêdipun kêthèk akalihan danawa, dangu-dangu kêthèk kawon sami kaplajêng, anuntên Laksmana anglêpasakên [anglê...]

--- 201 ---

[...pasakên] jêmparing, anama Baruna Astra, dhawah ing paprangan lajêng dados toya agêng, ambalabar angombak-ombak. Bala danawa kathah ingkang pêjah ing toya, Indrajit enggal anglêpasakên jêmparing latu, andhawahi bala kêthèk, mawur saha kathah ingkang pêjah, Laksmana anglêpasakên jêmparing panulaking latu, sasirnaning latu, kêthèk ingkang pêjah kabêsmi wau sami gêsang malih, anuntên Indrajit anglêpasakên jêmparing malih, jêmparing punika amêdalakên dêdamêl warni-warni tanpa wicalan, andhawahi bala kêthèk, Laksmana lajêng anglêpasakên jêmparing panulak. Sasirnanipun dêdamêl warni-warni ingkang mêdal saking jêmparingipun Radèn Indrajit. Laksamana anglêpasakên jêmparing malih, awasta Endrasara, Indrajit kenging gulunipun lajêng pêjah, anuntên Laksmana anglêpasakên jêmparing malih, anama Surawijaya, andhawahi balanipun Indrajit, tumpês sadaya.

Prabu Dasamuka sakêlangkung sêkêl ing galih, amidhangêt pêjahipun Radèn Indrajit. Sang

--- 202 ---

nata kados upaminipun wit-witan karampas êpangipun, kantun uwitipun kemawon. Têlas budinipun. Anyipta pêjah, sumêdya anglabuhi nagari tuwin kulawarganipun, ingkang sami pêjah wontên ing paprangan. Sang nata lajêng malêbêt dhatêng sanggar pamêlêngan, saha amuja sêmadi.

Kacariyos Dèwi Sinta, ingkang kadumunungakên wontên ing taman Soka, botên sah anggènipun amuja sêmadi, ingkang tinêdha ing sêmadi, amung karaharjan saha unggulipun ingkang raka, sasampuning angêningakên tingal, Dèwi Trijatha dhatêng, angaturi pawartos bab pêrang, yèn punggawa ing Ngalêngka sampun tumpês sadaya, amung kantun tatiga, bala kêthèk taksih wêtah punggawanipun, ingkang pêjah namung kêthèk alit-alit kemawon. Dèwi Sinta suka ing galih amidhangêtakên aturipun Dèwi Trijatha, lajêng asêmadi, ananêdha ing dewa, angenggalna pêjahipun Prabu Dasamuka.

Kacariyos Prabu Dasamuka, animbali para danawa nujum, tuwin para danawa pandhita

--- 203 ---

sami kadangu mênggah papêsthèning sariranipun. Pamêcanipun para nujum tuwin para pandhita, sang nata badhe unggul pêrangipun. Prabu Dasamuka sasampuning sêmadi sadalu natas, enjingipun karsa anyarirani pêrang, lajêng andhawahakên parentah angêrig baris, tatindhihipun danawa tatiga, anama Wiloitaksa, Maundara, Gathodara, sarêng sampun pêpak, anuntên bidhal dhatêng sajawining kitha, Prabu Sugriwa sumêrêp, yèn Prabu Dasamuka mêdali pêrang, enggal angundangi bala kêthèk, andikakakên angubêngi rumêksa Rama. Prabu Dasamuka sasampuning pradandosan lajêng anitih rata, rinêngga ing mas saha sêsotya, lampahipun sampun dumugi ing paprangan. Botên antawis dangu lajêng wiwit pêrang, bala kêthèk kathah ingkang pêjah, anuntên Anoman ambiyantoni, kathah angsalipun papêjah, Rama wêlas aningali risaking bala kêthèk, enggal anglêpasakên jêmparing, andhawahi danawa, tumpês kados dipun saponi, Prabu Dasamuka duka sangêt aningali tumpêsing balanipun, lajêng andhawahakên parentah [pa...]

--- 204 ---

[...rentah] dhumatêng punggawa danawa, ingkang nama Wiloitaksa, andikakakên ambiyantoni, Wiloitaksa anglêksanani, kapêthukakên dening Prabu Sugriwa, Wiloitaksa punapadene kancanipun ingkang nama Gathodara, sami pêjah dening Sugriwa, Maundara tatulung pêjah dening Anggada.

Sapêjahipun punggawa danawa tatiga, Prabu Dasamuka sangsaya sangêt dukanipun. Lajêng ngamuk anarajang bala kêthèk. Pangamukipun sampun prasasat dukanipun Bathara Kala, bala kêthèk sami mawud sadaya, anuntên Rama akalihan Laksmana tuwin Wibisana atatulung, sami anglêpasakên jêmparing, saha angabên kaluwihan akalihan Prabu Dasamuka, wusana sang nata anglêpasakên limpung, ingkang dipun angkah Rama, sarêng limpung lumêpas, Laksmana tarampil anglêpasakên jêmparing, kenging limpungipun Prabu Dasamuka, kawangsul andhawahi ratanipun sang nata, rêmuk sakapal kusiripun, sang nata enggal lumumpat, saha amundhut rata sanès. Sarêng Prabu Dasamuka sampun nitih rata, [ra...]

--- 205 ---

[...ta,] lajêng anglêpasakên kunta, ingkang dipun wawas Rama, ananging kenging Laksmana, jajanipun kabranan, lajêng dhawah gumuling ing siti, Wibisana enggal atatulung, Laksmana kabêkta mundur, kajampènan sakala waluya, botên môntra tilasing brana.

Ing awang-awang kaèbêkan dening jawata, ingkang sami aningali pêrang, Bathara Endra sumêlang aningali pêrangipun Rama akalihan Dasamuka, awit sang nata nitih rata, Rama dharat kemawon. Lajêng amaringi rata satunggil dhumatêng Rama, ingkang ngusiri dewa, punapa malih amaringi jêmparing kêkalih, awasta Guawijaya, satunggilipun Bramaastra, utawi jêmparing latu, Rama lajêng anitih rata, ngantos dangu anggènipun lêpas-linêpasan jêmparing, angabên kasêktèn kalihan Prabu Dasamuka, botên wontên ingkang kasoran. Wusana Wibisana matur dhumatêng Rama, kapurih angrampungna pêrang, anglêpasna jêmparing ingkang nama Guawijaya, awit namung punika ingkang kenging kadamêl mêjahi Dasamuka, sasampuning Wibisana matur, Rama lajêng angasta jêmparing

--- 206 ---

ingkang nama Guawijaya, Prabu Dasamuka linêpasan kenging jangganipun lajêng seda.

Sasedanipun Prabu Dasamuka, sakala lajêng pêtêng dhêdhêt. Angin agêng dhatêng gumrêbêg swaripun.swaranipun. Anuntên jawah sêkar saha sanèsipun ingkang wangi-wangi, inggih punika pakurmating para dewa dhumatêng Rama, ingkang minôngka pangruwatanipun sawarnining lampah awon. Wibisana sarêng sumêrêp yèn ingkang raka seda, enggal amalajêngi layoning raka, anyungkêmi padanipun, sarwi amuwun sangêt. Saha akathah-kathah pasambatipun. Rama wêlas aningali, lajêng anyakêti, sarta anglalipur dhumatêng Wibisana anyêrêpakên kautamaning sedanipun Prabu Dasamuka, anggènipun anggagahi nagari, saha ambelani abdi-abdinipun sadaya, sasampuning angrêrapu, Wibisana kapurih angrêsikana saha ambêsmia layoning raka sakalihan. Wibisana amiturut, saha lajêng anglampahi, sasampuning ambêsmi layoning ingkang raka sakalihan, Rama angandika dhumatêng Wibisana, kapurih jumênênga ratu wontên nagari ing Ngalêngka, [Ngalêng...]

--- 207 ---

[...ka,] anggêntosana Prabu Dasamuka, Wibisana angèstokakên karsanipun. Rama lajêng amulang pratikêlipun ing ratu, tuwin wajibipun dhumatêng para abdi, punapadene dhumatêng para sêntana, sarêng sampun têlas wulangipun, anuntên sawarnining kêthèk ingkang pêjah ing paprangan, sami kagêsangakên malih dhumatêng Rama, isarat godhong sandilata.

--- 208 ---

...

--- 209 ---

Gancaring Cariyos Bratayuda

--- 210 ---

Sang Prabu Jayabaya ing Kadhiri misuwur kêkah adilipun. Prabawanipun upami kados padhanging srêngenge ing môngsa katiga, panjênênganipun kineringan ing sasamining ratu, awit saking kaprawiranipun ing paprangan, botên wontên ingkang nimbangi, para ratu ingkang nunggil jaman akalihan Prabu Jayabaya, kaupamèkakên rêmbulan, Prabu Jayabaya ingkang minôngka srêngenge, sorotipun angucamêkênangucêmakên. padhanging rêmbulan.

Prabu Jayabaya wau kagungan abdi juru panganggit, anama Êmpu Sêdhah, punika kakarsakakên nganggit Sêrat Bratayuda, panganggitipun kala ing taun 1079, wondening ingkang kacariyos rumiyin, Sang Prabu Yudhisthira sasantananipun sami kalêmpakan wontên ing nagari Wiratha, sarta ambêkta prajurit sadêdamêlipun ing pêrang. Prabu Krêsna ing Dwarawati sabalanipun inggih wontên ing ngriku, karsanipun Prabu Yudhisthira badhe amangun pêrang, amundhut kagunganipun nagari ing Ngastina ingkang sapalih, wondening ingkang binobot ing budi sarta linampahan [linampah...]

--- 211 ---

[...an] sapitêdahipun prakawis agêng wau, inggih namung sang prabu ing Dwarawati, akathah para ratu pêpakan wontên ing Wiratha, ingkang sami rumojong ing pêrang, amurih kamulyaning pêjah. Ing nagari Ngastina inggih kathah para ratu Jawi utawi saking tanah sabrang, sami kalêmpakan sabala saha dêdamêling pêrang, inggih sumêja ngupados kamulyaning pêjah.

Prabu Yudhisthira angandika dhumatêng Prabu Krêsna, kakang prabu, ingkang minôngka panutan kula, kula badhe anêdha kagungan kula nagari ing Ngastina ingkang sapalih, punika kula sumôngga ingkang dados panggalih utawi pratikêl sampeyan, amurih prayoginipun ingkang badhe linampahan.

Prabu Krêsna amangsuli pangandika: yèn makatên karsane yayi prabu, inggih botên wontên sayoginipun, kajawi kagalih wilujêngipun, amurih lulus saening akêkadang, kula ingkang badhe lumampah, anêdha sapalihipun nagari ing Ngastina.

Prabu Krêsna lajêng andhawahakên parentah,

--- 212 ---

karsa tindak dhumatêng nagari ing Ngastina, badhe amundhut sapalihing nagari, saupami dipun kêkahi, lajêng badhe kagitik ing pêrang, anuntên bala sami dipun undhangi, sang nata nitih rata, Radèn Sêtyaki andhèrèk.

Tindakipun Prabu Krêsna sampun dumugi ing Têgalkuru, anuntên wontên jawata sakawan têdhak, anama Janaka, Ramaparasu, Kanwa, sarta Narada, badhe ambiyantoni lampahipun sang nata prabu Krêsna kagèt mirsa wontên dewa anêdhaki, lajêng mingsêr tumut lênggah kusiripun, dewa sakawan sami lênggah salêbêting rata. Sarêng sang nata sampun nyêmbah, jawata sakawan angandika: sang nata, sampun kasêsa ing lampah, kula badhe tumut ing salampah andika. Anuntên rata dipun rindhikakên, samargi-margi sang prabu aginêman kalihan dewa sakawan. Wondene ingkang dipun rêmbag prayogining lampah, saha saening kadadosanipun ing prakawis.

Sang Prabu Suyudana ing Ngastina sampun midhangêt, bilih Prabu Krêsna sampun dumugi ing Têgalkuru, [Têgalku...]

--- 213 ---

[...ru,] lajêng andhawahakên parentah, sakathahing lalurung andikakakên anggêlari sinjang, anjog ing siti inggil, dumugi korining kadhaton ingkang jawi, sarta para pinisêpuh kadhawahan amêthuk. Wondening ingkang kapatah amêthuk wau, Bisma, Druna, Dhêstharata, punika sami suka ing batos. Dene Prabu Krêsna ingkang lumampah, badhe anjabêl nagari, anyipta yèn Prabu Suyudana amasthi badhe ngulungakên. Nanging Prabu Suyudana akalihan Patih Sangkuni sami kèwêdan, awit Prabu Krêsna sampun kalih-kalih ing atunggil kalihan Pandhawa, anuntên para Korawa sami ngalêmpak wontên salêbêting kadhaton.

Lampahipun Prabu Krêsna angancik kikising nagari Ngastina, ratanipun karindhikakên, arame swaranipun tiyang ingkang sami mêthuk, utawi ingkang sami anonton. Tiyang sanagari Ngastina ebah sadaya, saking kapenginipun badhe aningali Prabu Krêsna, agêng alit pating balêbêr, jêjêl titip atimbun pinggiring margi, ajrih manawi kasèp ing langkungipun sang nata.

--- 214 ---

Ingkang sami mêthuk wau sampun pêpanggihan kalihan Prabu Krêsna, sang nata lajêng dipun aturi lumêbêt dhumatêng kadhaton, wondening para ratu sampun tata pinarak wontên salêbêting kadhaton, Prabu Salya inggih sampun rawuh, Arya Widura, Adipati Ngawôngga, Karpa, Arya Sindurêja, Yuyutsuh, Sujaya, sami andhèr wontên ngarsanipun Prabu Suyudana. Anuntên para pinisêpuh ingkang kautus mêthuk wau, sami dhatêng angrumiyini, botên antawis dangu Prabu Krêsna rawuh, têdhak saking rata kalihan jawata sakawan, para Korawa sami ngadêg angurmati. Sang nata akalihan jawata sakawan dipun aturi pinarak dhatêng Prabu Suyudana, para pinisêpuh kumrubut ingkang sami ambagèkakên. Anuntên pasêgah sumaos. Pangandikanipun Prabu Suyudana: kakang prabu ing Dwarawati, sumôngga kula aturi dhahar, minôngka jêjampining sayah. Prabu Krêsna amangsuli, yayi prabu, sakalangkung-langkung pamundhi kula, sasêgah pinanggih ing wingking, bilih padamêlan sampun rampung. Suyudana ngandika malih: dene mawi wigih-wigih kakang prabu, [pra...]

--- 215 ---

[...bu,] anampik pasêgah kula. Krêsna amangsuli: agampil yayi prabu, pinanggih ing wingking kemawon. Prabu Krêsna suka ing galih, aningali para ratu ingkang sami pêpak wontên ing kadhaton, utawi para pinisêpuh ingkang sami sowan. Anuntên pamit ing Prabu Suyudana, badhe masanggrahan rumiyin, Prabu Suyudana amangsuli: sumôngga ing karsa kakang prabu, ratu bijaksana ing jagad. Prabu Krêsna amangsuli: mugi-mugi yayi prabu amanggiha suka, siyosa padamêlan ingkang kula lampahi, wilujênga ing kadadosanipun. Prabu Krêsna sarêng sampun dumugi ing jawi, matur dhatêng jawata sakawan: kula badhe masanggrahan rumiyin, benjing enjing kemawon kula mratelakakên pêrlunipun lampah kula mriki.

Prabu Krêsna anjujug panggenanipun ingkang bibi Dèwi Kunthi, lajêng anyungkêmi sampeyanipun. Dèwi Kunthi muwun. Ciptaning galih prasasat kapanggih kalihan Pandhawa, tumuntên amratelakakên sêkêling galih, bab prakawis ingkang badhe kalampahan. Akathah pituturipun. [pi...]

--- 216 ---

[...tuturipun.] Amurih lêstantuning lampah, saking agênging prihatos, pangandikanipun pêgat-pêgat kamoran pamuwun. Sarêng sampun têlas pituturipun, Prabu Krêsna pamit badhe dhatêng pasanggrahan ing griyanipun Arya Widura. Sarawuhipun ing ngriku, anuntên sêsaosan pasêgah kathah dhatêng.

Saunduripun Prabu Krêsna, Suyudana apirêmbagan kalihan ingkang rayi-rayi, punapa malih kalihan Adipati Ngawôngga, ingkang minôngka pangajênging damêl. Prabu Suyudana sumêlang ing galih, awit sasêgahanipun katampik dhumatêng Prabu Krêsna, pangandikanipun: Sang prabu ing Dwarawati amasthi ngandhut wadi, dene ora karsa dhahar pasuguhku, hèh Drusasana, aja sira kurang waweka marang ratu ing Dwarawati, sira diangati-ati, kadang-kadangmu kabèh tuturana, sesuk padha amêndhêma baris, aja nganggo pinikir suwe-suwe, wong ing Dwarawati banjur ditumpêsa bae, awit iku awaking pandhawa, masthi angandhut ala, ora wurung dadi mungsuh, samudana angandhut manis.

--- 217 ---

Sabibaring pasamuwan, sakathahing Korawa sami mantuk, para ratu tamu tuwin pinisêpuh sami kondur dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Prabu Suyudana kondur angadhaton, têdhak dhatêng panggenanipun ingkang garwa Dèwi Banowati. Dèwi Banowati amêthuk, lajêng dipun kanthi astanipun, malêbêt ing dalêm tata sami pinarak, para abdi èstri marak.

Kala samantên srêngenge angajêngakên sêrap, arindhik lampahipun, kados dèrèng tuwuk ênggènipun ananingali rêrêngganipun kadhaton ing Ngastina, Èmpêripun kados anolih, kapencut aningali Rêtna Banowati. Arame swaraning pêksi, ingkang sami ngupados papan patilêman. Ajrih manawi karumiyinan wêdaling rêmbulan. Sasêraping srêngenge kagêntosan wêdaling rêmbulan. Lintang kados dipun sêbar wontên ing langit. Cahyanipun amêwahi wingiting rêrênggan kadhaton ing Ngastina, sampun kados kayanganipun Bathara Indra. Swaraning [Swa...]

--- 218 ---

[...raning] pêksi amor garêbêging angin, anêmpuh sasêkaran amêwahi rame sarta arumipun ing kadhaton. Rêrêngganing prabayasa, ingkang warni mas saha sasotya, pating pancurat katêrangan dening cahyaning rêmbulan.

Dalêmipun Rêtna Banowati anglangkungi saking endah, karêngga ing mas kalihan sasotya, sakilèning dalêm wontên patamananipun, mawi pancaksuji mas, katarètès ing jumêrut. Pagêr banonipun sela cêndhani, wontên balenipun êmas. Palataranipun sinêbaran jumêrut saha mutyara, tuwin sasotya sanèsipun. Tangèh têlasipun manawi kacariyosna sadaya, kalangênanipun salêbêting kadhaton, ing mangke karingkês kemawon.

Kacariyos srêngenge sampun malêthèk. Arame swaranipun para èstri, ingkang sami ngundhuh sêkar dhatêng patamanan. Prabu Suyudana sampun busana, badhe amanggihi tamunipun, têdhak dhatêng pandhapi. Wondening palênggahanipun para ratu, utawi para pinisêpuh sampun katata, [ka...]

--- 219 ---

[...tata,] Dhêstharata, Bisma, Druna, Karpa, Drusasana, Adipati Ngawôngga, ratu ing Môndaraka, utawi para ratu sanèsipun sampun sami dhatêng, Prabu Suyudana adhêdhawah dhatêng Yuyutsuh saha dhatêng Yamawidura, angaturi Prabu Krêsna, Patih Arya Sangkuni akalihan Adipati Ngawôngga kadhawahan mêthuk rawuhipun.

Yuyutsuh sarta Yamawidura sampun kapanggih kalihan Prabu Krêsna, lajêng dipun aturi têdhak dhatêng kadhaton. Prabu Krêsna enggal busana, Para prajuritipun sampun sami dandos, titihanipun rata sampun sumaos. Anuntên bidhal saking pasanggrahan. Wontên ing margi dipun pêthuk dening Patih Arya Sangkuni akalihan Karna, lajêng sami andhèrèkakên tindakipun dhatêng ing kadhaton. Sarawuhipun ing kadhaton, Prabu Krêsna kaaturan pinarak. Anuntên sakathahipun ingkang wontên ing pasamuwan sami lênggah atata.

Prabu Krêsna tumênga, anuntên jawata sakawan têdhak, anama Kanekaputra, Janaka, Ramaparasu, Kanwa. Bisma akalihan Druna

--- 220 ---

munjuk dhatêng Prabu Suyudana, bilih wontên jawata têdhak. Suyudana lajêng nyêmbah, dewa sakawan dipun aturi pinarak. Anuntên sami tata pinarak nunggil para pinisêpuh. Wondening para ratu nunggil kalihan sasamining ratu. Para satriya nunggil sami satriya adangu kèndêl ingkang sami pinarakan. Anuntên Prabu Krêsna ngandika: paman Dhêstharata, laku kula mriki niki, mung nêja ngatutake sanak, êmpun nganti ontên kang sulaya, prayoga padha rukuna, yèn ngantia padha kêkêrêngan, abungah sing botên dhêmên. Sabarang rèh kula, putra andika yayi prabu ing Ngamarta sasantanane anut mawon. Mungguh pagawean sing kula lakoni niki, wit saking karsane yayi prabu ing Ngamarta, anêdha saparone nagari ing Ngastina. Dhêstharata amangsuli: sampun kasinggihan pangandikanipun anak prabu, sakalangkung prayoginipun, dewa sakawan anyambungi: luwih dening patut rèhe Prabu Krêsna, sakêcap botên ontên sing luput, olèhe murih bêcik lan rakête asêsanak.

--- 221 ---

Bisma, Druna angguyubi pangandikanipun dewa sakawan. Namung Prabu Suyudana anjêtung ambasêngut tumungkul, botên angandika sakêcap. Yamawidura kalihan Yuyutsuh anyambungi, saha mrayogèkakên panantunipun Prabu Krêsna, amurih wilujênging sadayanipun. Ibunipun Prabu Suyudana, anama Dèwi Gêndari, angandika dhumatêng ingkang putra sarwi amuwun: prayoga turutên rèhe anak prabu ing Dwarawati, apa kang kok karêpake luwih saka ing ngatut asêsanak. Prabu Suyudana nolih dhatêng Sangkuni saha dhatêng Drusasana, ambêkuh botên ngandika sakêcap, Karna angêjèpi dhatêng Prabu Suyudana kapurih tindaka.

Prabu Suyudana mundur saking pasamuan, Sangkuni kalihan Drusasana ingkang andhèrèkakên, lajêng andhawahakên parentah mêpak dêdamêl. Korawa satus saprajuritipun sampun mirantos, miwah kapal rata gajah sampun pêpak, ingkang anyenapatèni Arya Sindurêja, punika ingkang minôngka andêl-andêling pakèwêd, lèr kidul wetan kilèn [ki...]

--- 222 ---

[...lèn] sampun jêjêl dening baris. Dèwi Gêndari angutus Dhêstharata, matur dhatêng Prabu Suyudana, sampun ngantos kagungan ambêk roda paripêksa, angèngêtakên saruning pratingkah ênggènipun anilar tamu. Botên dangu Radèn Sêtyaki dhatêng saking jawi, nyêmbah matur dhatêng Prabu Krêsna: gusti, ing jawi jêjêl dêdamêl, badhe anumpês panjênêngan dalêm: pun Suyudana saèstu awon manahipun. Korawa kiwa têngên sampun mirantos sadêdamêlipun, sampun katata panggenanipun piyambak-piyambak, prajurit ingkang malêbêt ing kadhaton inggih sampun kathah.

Prabu Krêsna sarêng miyarsakakên aturipun Sêtyaki, sakalangkung dukanipun, têdhak saking pinarakan, tindak dhumatêng ing palataran lajêng triwikrama, sariranipun sakêdhap dados agêng sarêdi, sampun kados Bathara Kala, kalanipun nêpsu, sariranipun mêdal latu, karosan isèn-isènipun tigang jagad tuwin ing Suralaya, punapa malih panguwasanipun para dewa sadaya, ngalêmpak wontên sariranipun Prabu Krêsna.

--- 223 ---

Sampun ical warnining manungsa, asipat danawa, jumangkah anggêro sasumbar, sanalika bumi gonjing, toyaning sagantên umob, isèn-isènipun sami susah angambang, Prabu Krêsna saèstu yèn titisipun Bathara Wisnu kadugi anguntal bumi anggilut rêdi. Sakathahing dêdamêl ing ngalam donya katêkêm wontên ing astanipun, Korawa satus miris aningali, prajurit kêthèn sami kêkês botên wontên sagêd wicantên, anggènipun nyêpêng dêdamêl sami anggrègèli, Druyudana kalihan Karna miris, anyipta pêjah. Bisma Druna sami nangis, mêndhak-mêndhak murugi Prabu Krêsna, lajêng sami nyêmbah, punapa malih jawata sakawan sami angrêrêpa ngasih-asih, Bathara Surya enggal têdhak, ing awang-awang kathah dewa katingal sami anjawahakên sêkar, Bathara Surya angrêrêpa, pangandikanipun dhatêng Prabu Krêsna: Hèh Prabu Krêsna, aja koktutugake nêpsumu, yèn kowe sumêja numpês Korawa, sabala nagarane, amasthi lêbur kabèh, ora ana sing kari. Ananging jagad tolihên sarta wêlasana, kapindhone [ka...]

--- 224 ---

[...pindhone] elinga punagine Si Wrêkodara lan Si Drupadi, dene sing dadi punagine Si Drupadi, salawase urip ora gêlêm gêlung-gêlung, yèn ora uwis kramas gêtihe Korawa satus ana ing paprangan, yèn kokbanjurna nêpsumu, ora kalakon punagine. Sakathahing dewa sami nyêmbah dhumatêng Prabu Krêsna. Sang nata lajêng lilih galihipun, ical ingkang duka, sampun warni manungsa malih, lajêng wangsul dhatêng pinarakanipun. Bisma kalihan Druna punapadene Rêsi Narada sami ngrêrêpa. Prabu Krêsna têdhak saking kadhaton tanpa pamit. Jawata sakawan sami suka, tumut ing satindakipun. Sarêng dumugi ing jawi, dewa sami mantuk dhatêng kayanganipun. Prabu Krêsna têdhak dhatêng panggenanipun Dèwi Kunthi.

Sarêng sampun kapanggih kalihan Dèwi Kunthi, Prabu Krêsna dipun dangu sarwi amuwun: kapriye anak prabu mungguhing lakumu, apa ta olèh gawe, lan kapriye ing kadadeyane. Prabu Krêsna amangsuli: pun Suyudana lumuh atut sasanak, botên lila nagari ing Ngastina dipun têdha [tê...]

--- 225 ---

[...dha] sapalih, kêdah lumampah karêbata ing pêrang, Dèwi Kunthi amangsuli, pangandikanipun pêgat-pêgat: yèn kaya mangkono karêpe Si Suyudana, apa manèh sing dipikir, mung adhimu Si Yudhisthira bae warahana, aja aninggal kautaman, murungake karêpe, angrêbut nagara kang dadi wajibe. Wong mati ing paprangan amarga ênggone angrêbut nagarane, amasthi olèh swarga, poma wêkasku anak prabu, purihên sidane amangun pêrang.

Prabu Krêsna matur sandika, nyêmbah pamit lajêng nitih rata kalihan Adipati Ngawôngga, Widura sarta Sanjaya, punapadene Yuyutsuh, sarwi andhèrèkakên. Sadangunipun lumampah, Prabu Krêsna angrêmbagi dhatêng Adipati Ngawôngga, yèn saèstu dados pêrang, kapurih angilonana Pandhawa. Nanging Adipati Ngawôngga botên purun, kêdah angiloni Korawa, awit kala rumiyin sampun apunagi, badhe angabên kadigdayan kalihan Dananjaya. Sarêng lampahing rata sampun dumugi sajawining kitha, Adipati Ngawôngga pamit, têdhak saking rata

--- 226 ---

lajêng amanggihi ingkang ibu Dèwi Kunthi. Ingkang ibu andangu sarwi ambrêbês mili: sakondure kakangamu anak Prabu Krêsna, amêkas apa mênyang kowe. Adipati Ngawôngga matur: kula dipun purih kesaha saking nagari ngriki, manawi saèstu dados pêrang, kula dipun rêmbagi angilonana Pandhawa. Dèwi Kunthi mangsuli: rêmbug mangkono iku luwih dening bêcik, prayoga kokturut, dadi kowe kumpul karo sadulur-dulurmu, awit panggonan utamaning pati iku ing pêrang bratayuda, mati urip bêcik kowe nunggal sadulurmu dhewe. Dèwi Kunthi ênggènipun ngatag ingkang putra sarwi amuwun. Adipati Ngawôngga matur: ibu, yèn satriya linuwih amasthi ngêkahi wicantênipun ingkang sampun kawêdal, anêmahana sakit utawi pêjah amasthi botên purun ngingkêdi, punagi kula sampun kawêdal, badhe angabên kadigdayan kalihan pun Janaka. Aliya saking punika, kula sampun kalindhihan sihipun Prabu Druyudana, yèn kula kiranga ing panarima, dados cacad agêng, kalêbêt satriya urakan, [u...]

--- 227 ---

[...rakan,] botên kenging dados palupinipun para satriya utawi para adipati.

Dèwi Kunthi sangêt ênggènipun amuwun, awit ingkang putra botên nurut wulangipun, kêkahing karsa badhe angiloni Korawa, Adipati Ngawôngga nyêmbah, pamit lajêng kondur.

Lampahipun Prabu Krêsna akalihan Sêtyaki ngajêngakên dumugi nagari ing Wiratha, samargi-margi sang nata angrêntahakên waspa. Anuntên balanipun Pandhawa sami amêthuk rawuhipun Prabu Krêsna. Sarêng sampun dumugi kadhaton ing Wiratha, para ratu sami ambagèkakên sadaya, sarta anungsung pawartos, mênggah ing tindakipun dhatêng nagari ing Ngastina. Prabu Krêsna amangsuli pangandika: Korawa ora kêna dipurih bêcike, kudu angajak pêrang, ora awèh nagara ing Ngastina dijaluk saparo, ana dewa papat ambiyantoni ing lakuku, aran Kanwa karo Narada têlu Janaka, papat Ramaparasu, olèhe padha nêmoni aku ana ing Têgalkuru, iku padha sumurup wiwitan lan wêkasaning

--- 228 ---

rêmbug, sarta padha ngrujuki pirukunku kang patut, têkan ibune Si Druyudana, apadene Bisma, Druna lan Salya padha mrayogakake pasrahe saparoning nagara, nanging sakèhing rêmbug bêcik ora didhahar, malah sumêdya angalani marang aku.

Sakèndêlipun Prabu Krêsna ngandika, para ratu sami ngungun amiyarsakakên pawartos. Prabu Darmaputra, Wrêkodara, Arjuna tuwin Nakula, punapadene Sadewa, inggih makatên ugi. Wondening Prabu Darmaputra sasadhèrèkipun kêkah ing karsa, badhe angèstokakên wawêlingipun ingkang ibu Dèwi Kunthi, angrêbat nagari ingkang amargi saking pêrang. Para ratu tuwin para bupati, ingkang sami ngrojongi Pandhawa, amrayogèkakên dadosing pêrang. Putra ing Wiratha ingkang nama Radèn Wirasôngka kalihan Radèn Utara, punapa malih Radèn Drusthajumêna ing Cêmpala, sami ambêk purun, amamuruk ngajak pêrang, para bupati utawi para punggawa sami kèlu sadaya.

Enjingipun têngara mungêl, kêndhang gong asauran. [a...]

--- 229 ---

[...sauran.] Para ratu gumêrah sami anata baris. Sarêng sampun sami rakit sadaya, lajêng bidhal saking nagari ing Wiratha, kathahing bala tanpa wicalan. Panganggènipun gumêbyar, kados cahyanipun srêngenge sawêg malêthèk, badhe amadhangi jagad, amêwahi langêning pangangge. Saking kathahing prajurit kados sagantên ambalabari wana sarta rêdi-rêdi. Sakathahing margi jêjêl dening prajurit. Ingkang panganggènipun abrit agolong sami abrit, ingkang jêne sami jêne, ijêm-sami ijêm, cêmêng sami cêmêng, biru sami biru, wungu sami wungu, pêthak sami pêthak. Botên wontên ingkang kasêlanan sanèsipun. Swaraning bala kados galudhug, gêbyaring rêrêngganing rata têmpur kalihan gêbyaripun rêrêngganing lalayu, kados urubing rêdi sèwu sarêng kabêsmi.

Sang Hyang Endra anjawahakên wêwangi sakathahing dewa ing kaendran sami angèstrèni ingkang sami anglurug. Pandhawa unggula ing pêrangipun. Angsala nagari ing Ngastina.

Ingkang nindhihi cucuking baris Radèn Wrêkodara, [Wrêkoda...]

--- 230 ---

[...ra,] lampahipun dharat kemawon sarta amandhi gada, awit salaminipun gêsang botên karsa nitih kapal, rata utawi gajah, sanajan tindaka mêdal sagantên, ngambah jurang rêdi utawi lèpèn, inggih dharat kemawon. Samargi-margi tansah asasumbar kemawon. Lampahing baris kados angebahna bumi, isèn-isèning wana ingkang kambah sami mawur.

Satêlasing barisipun Radèn Wrêkodara, kasambêtan ing barisipun Radèn Dananjaya, anitih rata karêngga ing sasotya, murub kados rêdi kabêsmi, panganggèning prajuritipun pating galêbyar, kados agêsêngnaanggêsêngna. nagari ing Ngastina saratunipun. Gênderanipun kumêlap, aciri kêthèk mangap. Sakêdhap ing awang-awang pêtêng dening mêndhung, galudhug gumlêgêr, kilat amradini ing awang-awang, kados andalajati, manawi badhe unggul ing pêrang.

Radèn Nakula akalihan Radèn Sadewa anyambêti barisipun Radèn Dananjaya, sami anitih rata karêngga ing sasotya wungu, kados Bathara Kamajaya kêmbar, badhe têdhak dhatêng

--- 231 ---

kadhaton ing Ngastina, aningali Korawa kados aningali kênya.

Ing wingking kasambêtan ing barisipun putra ing Wiratha tatiga, ing wingking kasambêtan ing barisipun Radèn Drusthajumêna, putra ing Cêmpala, anuntên kasundhulan ing barisipun ingkang rama Prabu Drupada, sang nata anitih gajah, dipun garêbêg ing para mantri sarta para punggawa, barisipun tanpa wicalan. Ing wingkingipun Dèwi Drupadi anitih rata, asongsong mas, sarwi angure rema, kanginan kados angawe-awe, angenggalakên banjir rah, isthanipun kados sang dèwi karsa jamas rahing Korawa tumuntên. Sasampuning jamas lajêng karsa ukêl. Sawingkingipun Dèwi Drupadi, Dèwi Srikandhi ingkang anyambêti, anitih rata karêngga ing sasotya, anuntên Prabu Darmaputra anitih gajah, asongsong jêne, dipun garêbêg ing abdi kathah, sarwi amangku Sêrat Kalimasada, saèstu yèn ratu utama, sêmunipun sagêd amungkasi pêrang. Wondening sêrat ingkang dipun pangku wau, minôngka panglêburaning mêngsah. Sawingkingipun [Sawingkingi...]

--- 232 ---

[...pun] Prabu Darmaputra, kasambêtan ing barisipun Prabu Krêsna, gênderanipun sami pêthak, aciri puthut sêmadi. Sang nata anitih rata karêngga ing sasotya, asongsong pêthak karêngga ing manik, kumilat anganguwung, isthanipun amèngêti, hèh dêlêngên, iya iki pamugarining pêrang. Tindakipun Prabu Krêsna kados andhèrèkakên pangantèn. Ingkang minôngka pangantènipun kakung Prabu Darmaputra, ingkang minôngka putri utawi pangantèn èstri nagari ing Ngastina, sabibaring damêl, nagari katampèn dhatêng Prabu Darmaputra. Wondening para ratu sasuruhan, ingkang sami rumojong ing pêrang, upaminipun ingkang sami nyumbang dhatêng Prabu Krêsna, ingkang kagungan damêl. Inggih namung punika ingkang dipun pundhi-pundhi, sarta dipun èstokakên pitêdahipun, sintên-sintêna ingkang anut pitêdahipun Prabu Krêsna, anglampahi pêjah wontên ing pêrang bratayuda, amasthi manggih swarga, lêpat sakathahing siksa wontên ing jaman kailangan. MilihMila. para ratu sêngkud anglampahi pitêdahipun Prabu Krêsna, suka lila [li...]

--- 233 ---

[...la] amanggih pêjah, awit swarga kalihan naraka sampun prasasat kaasta dhatêng Prabu Krêsna.

Radèn Wrêsniwira ingkang nyambêti baris ing Dwarawati, saha minôngka tatindhihipun para adipati, prajuritipun tanpa wicalan angêbêki margi, swaraning bala kados angebahna bumi, angocakna sagantên. Ingkang anyambêti barisipun Radèn Wrêsniwira, putranipun Radèn Dananjaya, ingkang nama Radèn Abimanyu, anitih rata mas, asongsong laring mêrak, sarwi amangku cakra, panganggening prajuritipun kados sêkar anggulasah. Ing wingking ingkang nyambêti Radèn Pôncawala, putranipun Prabu Darmaputra, anitih rata karêngga ing sasotya, dipun gombyongi ing laring mêrak. Songsongipun anglaring kombang, panganggèning prajuritipun murup. Gênderanipun sami ijêm sadaya.

Botên têlas-têlas bilih kacariyosna sadaya, langêning baris ingkang lêlampah, ing mangke kacugak kemawon. Baris ing ngajêng sampun dumugi ing Têgalkuru, tiningalan kados toya

--- 234 ---

ambalabar, para ratu para dipati andalêdêg dhatêngipun, botên pêdhot-pêdhot, lajêng sami adamêl pasanggrahan ing sapangkatipun piyambak-piyambak.

Anuntên Dèwi Kunthi dipun utusi rawuh ing Têgalkuru, kadhèrèkakên ing Yamawidura, sarêng kapanggih kaliyan pandhawa, lajêng sami muwun. Sakèndêlipun muwun sami suka-suka, tangèh yèn kacariyosna sadaya, ênggènipun sami suka-suka, Yamawidura ingkang andhèrèkakên Dèwi Kunthi, wangsul dhatêng ing Ngastina malih.

Dèwi Kunthi kantun wontên ing Têgalkuru, pasanggrahanipun Pandhawa sampun kados kadhaton, pasanggrahanipun Prabu Krêsna inggih dipun rakit kados kadhaton. Yudhisthira, Wrêkodara, Arjuna, Nakula, Sadewa, sami wontên ing pasanggrahanipun Prabu Krêsna, para ratu sasuruhan inggih sami pêpak wontên ing ngriku, sami arêmbagan sarta nyuwun dhawah dhatêng Prabu Krêsna, Yudhistira matur ing Prabu Krêsna: kakang prabu, kula sumôngga ing sampeyan, sintên ingkang [ing...]

--- 235 ---

[...kang] sampeyan karsakakên dados pangajênging pêrang. Wrêkodara saha Dananjaya inggih makatên ugi aturipun dhatêng Prabu Krêsna. Wangsulanipun sang nata: yayi prabu ing Ngamarta ingkang kula pilih dados pangiriding pêrang pun Seta. Sadaya sami angguyubi. Anuntên Radèn Wrêsniwira dipun sêrêpakên dhatêng Prabu Krêsna, mênggah gêlaripun bilih amêdali pêrang.

Prabu Suyudana sarêng midhangêt wartos yèn mêngsah sampun masanggrahan wontên ing Têgalkuru, lajêng andhawahakên parentah amêpak balanipun. Anuntên Yamawidura munjuk dhatêng sang nata, yèn para ratu ingkang ambiyantoni pandhawa, sampun sami ngalêmpak wontên ing Têgalkuru. Botên antawis lami bala ing Ngastina sampun mirantos. Bidhal saking kitha, balanipun para ratu saha para dipati tanpa wicalan. Lampahipun kados umobing toya sagantên, ambalèbèr dhatêng dharat. Wondening para ratu, ingkang angrojongi Prabu Suyudana, inggih kathah, anuntên sami ngadêgakên pasanggrahan piyambak-piyambak, sami [sa...]

--- 236 ---

[...mi] dipun rakit kados kadhaton, Bisma ingkang kapilih dados senapatining pêrang.

Botên kacariyos lamining ênggènipun anata bala. Pandhawa saha Korawa sarêng sampun rakit sadaya, enjing sami nabuh têngara kêndhang gong akalihan bèri, bodhol saking pasanggrahan, surakipun gumêrah, kados ambêlahna langit. Swaraning gong utawi têtabuhan sanèsipun ngantos botên kamirêngan. Barisipun Pandhawa andhêndhêng wontên kilèn majêng mangetan. Barisipun Korawa andhêngdhêng majêng mangilèn. Ingkang kidul anotog rêdi, ingkang lèr anotog sagantên. Kandêling baris sapaningal, ewadene ingkang dhatêng taksih gili.

Gêlaripun Senapati Bisma Wukirjaladri, ingkang minôngka karang sakathahing rata sarta gajah, ingkang minôngka alun para ratu, sakathahing bala alit-alit ingkang minôngka toya. Gêlaripun senapati Arya Seta anama Brajatiknalungid. Ingkang wontên ing ngajêng Radèn Wrêkodara, Radèn Dananjaya, sarta

--- 237 ---

Dèwi Srikandhi, sami sabalanipun. Drusthajumêna saha Sêtyaki sabalanipun sami wontên ing kiwanipun, nanging ragi kawingking cakêt akalihan panggenanipun senapati Arya Seta, Prabu Darmaputra kalihan Prabu Dwarawati sami wontên ing têngah, nunggil para ratu saha para adipati.

Radèn Dananjaya ngêrês galihipun aningali, dene mêngsah sami kadang tuwin gurunipun, lajêng matur dhatêng Prabu Krêsna: sang prabu, manawi kenging mugi panjênêngan dalêm sandèkakên pêrang bratayuda, kawula botên tahan aningali, dene mêngsah sami kadang saha guru. Sang nata amangsuli pangandika: karsaning dewa ora kêna wurung pêrang bratayuda, kapindhone yèn satriya mati ing pêrang anêmu pati utama, lan munggah ing swarga, lan maninge kakangira yayi Prabu Yudhisthira kudu angluwari punagine, apa ta sira ora sumêdya anglabuhi kadang tuwa. Mungguh sing bakal mapagake pêrange gurunira wis ana, ora susah sira ngawaki dhewe, môngsa kuranga mungsuhira. Dene yèn sira amrangguli [amrang...]

--- 238 ---

[...guli] gurunira ana ing paprangan, ora kêna sira oncati, kudu lumaku tinadhahan, mung sira nyêmbaha bae dhisik.

Sarêng Prabu Krêsna sampun anyêrêpakên dhatêng Radèn Dananjaya, bilih pêrang bratayuda botên kenging kasandèkakên, lajêng sami wiwit pêrang, suraking bala gumêrah, ungêling têtabuhan, amor kalihan garêdêging gajah, kêpyaking rata, karapyaking kapal, kados rêdi jugrug. Swaranipun angêbêki bumi, pangamuking bala riwut. Sampun kathah ingkang pêjah, para ratu, satriya, sarta para adipati inggih sampun kathah ingkang pêjah, rata ingkang sampun rêmuk sadasa, gajah ingkang sampun pêjah sadasa, asarêng kalihan ratu ingkang nitih, ramening pêrang, kèsrèking dêdamêl kados mêdala gêlap. Gumêrah sambatipun ingkang sami tatu, pêsating jêmparing kados jawah. Prajurit kêkapalan ingkang sampun pêjah atusan. Para gagêdhug nitih rata ingkang pêjah sèwu. Wondening kathahing prajurit ingkang numpak gajah salêksa, ingkang numpak rata salêksa, ingkang numpak kapal sayuta, [sa...]

--- 239 ---

[...yuta,] ingkang dharat kawan yuta, panêmpuhing prajurit anggonjingakên bumi, ênggènipun pêrang sampun satêngah dintên. Ingkang sampun pêjah satriya kêkalih, sami putra ing Wiratha, satunggil nama Radèn Wirasôngka, pêjah dening Druna, kalih Radèn Utara, pêjah dening Prabu Salya, andêl-andêling Korawa kathah ingkang pêjah.

Radèn Seta nêpsu sangêt. Awit saking pêjahipun ingkang rayi kêkalih, ingkang nama Radèn Wirasôngka kalihan Radèn Utara wau, lajêng ngangsêg sabalanipun. Agalak kados sima badhe mamôngsa, utawi kados danawa rêbatan daging, asarêng panêmpuhing bala, Radèn Seta amênthang langkap, anglêpasakên jêmparing, ingkang kawawas prabu ing Môndaraka, nanging lêpat. Namung rata sakusir pangayapipun ingkang kenging, rêmuk amor kalihan siti. Kartamarma amêthukakên, badhe angadhangi pangamukipun Radèn Seta, lajêng kadhawahan jêmparing, dhawah saking rata, ratanipun rêmuk. Bala Korawa gègèr, sumêrêp pangamukipun [pa...]

--- 240 ---

[...ngamukipun] Radèn Seta, saking kathahipun angsal papêjah, adamêl girising mêngsah. Anuntên Bisma kalihan Druna sabalanipun anulungi, Jayasena angundha gada, tiningalan angajrihi, Radèn Rukmarata anulungi ingkang rama prabu ing Môndaraka, nitih rata mêthukakên pangamukipun Radèn Seta, lajêng dipun lêpasi jêmparing dening Radèn Seta, kenging jajanipun, dhawah gumuling pêjah wontên salêbêting rata, bala ing Wiratha ingkang dipun senapatèni Radèn Seta, asarêng pangangsêgipun, tandangipun kados banthèng kataton, para ratu para adipati katrajang kathah ingkang tumpês, bala ing Ngastina giris, sami bibar mawur, kados kidang aningali sima, saking mirisipun bala ing Ngastina, palajêngipun botên kenging dipun andhêg dhatêng pangagêngipun. Malah sangsaya sangêt, awit Radèn Gathutkaca, Drusthajumêna sarta Radèn Ôngkawijaya sami dhatêng ambiyantoni Radèn Seta, sarêngan sami anêmpuh bala ing Ngastina. Anuntên senapati Bisma ngamuk, para andêl-andêldingandêl-andêling. Korawa sami tumut, ajêng-ajêngan kalihan Radèn Seta, [Se...]

--- 241 ---

[...ta,] dados tandhing sami senapati, Radèn Seta dipun lêpasi jêmparing dhatêng Bisma, wêdalipun ambrubul, angêbêki ing awang-awang, andhawahi Radèn Seta, sariranipun murub nanging botên tumama, Radèn Wrêkodara kalihan Radèn Dananjaya anulungi dhatêng Radèn Seta, sami anglêpasakên jêmparing, ambarubul kados jawah, ingkang dipun angkah senapati Bisma, anuntên Suyudana anulungi dhatêng Bisma, kenging ing jêmparing jajanipun. Botên pasah nanging karaos sakit, lajêng mundur anêkên jaja, giris botên sagêd ngandika. Para Korawa angrubung, sarta andhèrèkakêkandhèrèkakên. konduripun sang nata.

Senapati Bisma sarêng aningali bala ing Ngastina gusis, amargi dipun amuk dhatêng Radèn Seta, sakalangkung nêpsunipun, ngadêg wontên ing ratanipun, anglêpasakên jêmparing, ambrubul wêdalipun, andhawahi Radèn Seta. Radèn Seta lajêng mêngthang langkap, ingkang dipun angkah, kenging baunipun, botên pasah, malah jêmparingipun tugêl. Radèn [Ra...]

--- 242 ---

[...dèn] Seta senapatining Pandhawa sangêt nêpsunipun, aningali tugêling jêmparing, Bisma botên pasah. Enggal mêdhun saking rata, anyandhak gada, lumumpat dumugi panggenanipun Bisma, Bisma dipun gada angoncati, malumpat saking rata, dados namung ratanipun ingkang kenging, rêmuk sakusir kapalipun. Seta sangsaya nêpsu, manêngah angobat-abitakên gada. Para ratu ingkang nitih rata, utawi ingkang nitih gajah, kababit ing gada, sami rêmuk sarêng kalihan kusir kapal sarta gajahipun. Ratu gangsal ingkang pêjah rêmuk kalihan ratanipun. Ingkang ajur kalihan gajahipun inggih gangsal. Wondening para adipati ingkang pêjah kathah. Seta saèstu yèn sêkti tanpa tandhing. Bala ing Ngastina mawur, giris aningali pratingkahing pangamukipun Seta, kados upaminipun danawa sèwu sarêngan angangkah daging. Gadanipun angebat-ebati sarta anggagilani, Bisma giris aningali Seta wuru ing pangamukipun, lajêng mundur saking paprangan. Anuntên dewa anyuwara saking awang-awang: hèh Bisma, apa mulane

--- 243 ---

sira mundur saka ing paprangan, wruhanamu, patine putra ing Wiratha iya dening sira. Bisma mirêng swaraning dewa lajêng wangsul, sarwi amênthang jêmparing latu, lumêpas kenging jajanipun Seta butul, lajêng pêjah. Bala ing Ngastina surak gumêrah, ingkang sampun sami lumajêng wangsul sadaya, giyak-giyak sami anjogèd. Arya Dursasana akiprah-kiprah, Arya Sindurêja anggêndhing, Jayasusena, Jayawikatha, Srutayuda, Yutayuni, Sudirga, Sudira, Rekadurjaya, Wirya sarta Kartamarma, sami surak-surak. Wondening bala Pandhawa sami prihatos kêkês, awit senapatinipun pêjah, gumrubyug saking wingking sami dhatêng ngajêng. Sang prabu Maswapati ing Wiratha, sarêng dipun pratelani, yèn ingkang putra tiga pisan pêjah, lajêng tandang kalihan Arya Nirbita, Bisma dipun jêmparing, ambrubul wêdalipun. Bisma inggih nglêpasakên jêmparing, dados têmpuh jêmparing sami jêmparing, Pandhawa sami nêpsu, sarêngan tumandang, ngamuk sami angêbyuki, ciptaning manah suka lila sarênga sirna kalihan Prabu Maswapati, bala Pandhawa

--- 244 ---

gumrubyug arêbat rumiyin, anêmpuh bala Korawa, mawur sami miris. Anuntên kasaru sêrapipun ing srêngenge, kados anyapih ingkang sami sayah ing pêrang, isthanipun kados amèngêti, kapurih sami asoa rumiyin, benjing enjing pêranga malih.

Ingkang sami pêrang mundur dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak, sarta sami sangêt ing sayahipun, Prabu Maswapati sawêg amuwuni pêjahing putra tatiga, jisimipun sampun kapanggih sadaya, dipun bêrsihi sarta dipun saèni. Sang nata akalihan ingkang garwa sakalangkung sêkêl ing galih, dene ikang putra taksih sami anèm-anèm sarta bagus-bagus pêjah, galihipun sang nata akalihan ingkang garwa kados rinujit kapara tiga. Pramèswari angrangkul layoning putra kagêntos-gêntos, sêsambatipun amamêlas: adhuh anakku, dene têka mati têlu pisan, sapa sing bakal anggêntèni jumênêng ratu ing nagara Wiratha, lah tangia ênggèr, sapanên ibumu têka, apa mulane kowe padha mênêng bae, dene têka barêng

--- 245 ---

patimu, êmbok iya karia siji, ana kang dadi panglipuring prihatin. Dhuh anakku Seta, Utara, Wirasôngka, mung kowe sing dadi marganing rêdatin. Iya dewa, banjutên aku.

Kèndêl kacariyos pamuwunipun pramèswari ing Wiratha, anuntên Pandhuputra sami dhatêng, ambêkta pangangge, angurmati dhumatêng ingkang sami pêjah, layon rinubung sarta dipun muwuni, sasampuning linuruban, lajêng kainggahakên dhatêng pancaka. Dalu sasirêping tiyang pinuju padhang rêmbulan dipun bêsmi, mawi dipun jênêngi ing para ratu, sarta ing para Pandhawa sadaya. Prabu Krêsna amamujèkakên, mugi sami amanggiha swarga, anêtêpana ingkang sampun dados janji, ganjaranipun dhatêng ingkang sami pêjah ing pêrang Bratayuda, awunipun kapusus minggah dhatêng Suralaya.

Sabibaring pakurmatan pambêsmining layonipun putra ing Wiratha tatiga, Prabu Maswapati kalih para ratu ingkang anjênêngi wau, sami kondur dhatêng pasanggrahan. Apirêmbagan kalihan Prabu Krêsna, mênggah ingkang badhe kakarsakakên dados senapati, lintunipun ingkang

--- 246 ---

sampun pêjah. Wondening ingkang kapilih dhatêng Prabu Krêsna, Drusthajumêna, punika dadosa lintuning senapati, sarta asalina gêlar Garudhanglayang, para ratu para adipati sarta para mantri sapangandhap sami angguyubi karsanipun Prabu Krêsna, anuntên Radèn Drusthajumêna dipun puja sarta dipun kutugi.

Prabu Salya lajêng têdhak ing jawi, aningali srêngenge sampun malêthèk. Balanipun sampun pêpak. Nuntên wangsul angrangkul sarta angarasi ingkang garwa, pangandikanipun: nimas karia sare, aku pamit pêrang. Ênggènipun ngandika makatên punika sarwi amêgêng waspa. Prabu Salya lajêng dandos. Srêngenge sampun inggil. Balanipun dangu ênggènipun sami ngêntosi, Prabu Salya miyos anitih rata, balanipun lajêng anabuh têngaraning pêrang, saha angrakit gêlar, Prabu Suyudana sabalanipun angumpul wontên ing ngriku.

Pandhawa inggih sampun ngrakit gêlar saha anabuh têngara, lajêng mangsah ing pêrang, têmpuh ing pêrang [pê...]

--- 247 ---

[...rang] kados mêndhung pêthukan sami mêndhung, ramening pêrang swaranipun kados rêdi jugrug. Sampun kathah ingkang pêjah, Korawa sami mêsthèkakên, yèn Pandhawa badhe tumpês dening Senapati Salya. Prabu Salya amêdalakên Aji Côndhabirawa, nuntên kathah sarta warni-warni danawa ingkang mêdal saking sariranipun. Angêbêki ing paprangan. Sarta sami ambêkta dêdamêl. Ambabujêng mêngsah, anggadani, amêdhangi saha anyakoti mêngsah, yèn kawalês dipun pêjahi, sangsaya wêwah kathah. Korawa surak gumêrah, sarta sami suka aningali. Bala Pandhawa kathah ingkang pêjah, giris sami lumajêng, angungsi wingkingipun Prabu Krêsna saha Prabu Yudhisthira. Prabu Krêsna lajêng angundhangi bala Pandhawa sadaya, andikakakên ambucali dêdamêlipun, sarta sami kakudhunga, lajêng sami anglampahi dhawahipun Prabu Krêsna sadaya. Danawa ingkang mêdal saking aji Côndhabirawa lajêng sami dhêlog-dhêlog kemawon. Angadhêpi mêngsahipun.

Prabu Krêsna nuntên angatag dhatêng Prabu Yudhisthira, [Yudhisthi...]

--- 248 ---

[...ra,] amêthukna pêrangipun Salya, Prabu Yudhisthira ênggal anitih rata, majêng dhatêng ing paprangan. Prabu Salya amatak aji Côndhabirawa malih, ambrubul wêdaling danawa saking sariranipun. Agêng-agêng sarta kathah, angungkuli ingkang rumiyin. Sami amurugi Prabu Yudhisthira. Prabu Yudhisthira enggal amawas Kalimausada, amêdalêkan latu anglangkungi agêngipun. Latu wau lajêng ambêsmi danawa wau, têlas kabêsmi sadaya. Prabu Yudhisthira lajêng anglêpasakên Kalimausada, Prabu Salya kenging jajanipun pêcah, gumêbrug dhawah ing rata, bala Pandhawa surak gumêrah, sarta ambyuk ambujêng mêngsah, Korawa lumajêng ing sapurug-purug. Nanging kathah ingkang kacandhak pêjah, tuwin têluk. Patih Sangkuni kacandhak dhatêng Radèn Wrêkodara, lajêng dipun sêmpal-sêmpal. Prabu Suyudana lajêng kondur dhatêng pasanggrahanipun, sabala punggawa saha satriyanipun.

Wontên bupati ing Môndaraka satunggil sampun sêpuh, kataton kalanipun andhèrèk Prabu Salya amêdali pêrang,

--- 249 ---

punika apratela dhumatêng Dèwi Sêtyawati, yèn ingkang raka seda wontên ing paprangan. Sarêng dipun pratelani makatên, Dèwi Sêtyawati lajêng kantu, sasampuning èngêt, kêkah ing karsa badhe ambelani ingkang raka, lajêng nitih rata sarwi angasta patrêm. Kadhèrèkakên ing parêkan satunggil. Anama Sugandini, sumêdya tindak dhumatêng ing Kurusetra, angupadosi layonipun ingkang raka. Sarêng andungkap dumugi ing Kurusetra, ratanipun rêmuk. Dados kapêksa tindak dharat. Angupadosi layoning raka, dangu-dangu pinanggih, Dèwi Sêtyawati enggal angunus patrêm. Katamakakên ing jajanipun. Lajêng seda, parêkan ingkang nama Sugandini inggih suduk sarira, ambêlani gustinipun. Anuntên para dewa saha para widadari sami angiring nyawanipun Prabu Salya, akalihan nyawanipun Dèwi Sêtyawati, dhumatêng ing Suralaya, wontên ing ngriku sami pikantuk kanugrahaning swarga.

Kacariyos Prabu Suyudana, sabêdhahipun [sabêdhahi...]

--- 250 ---

[...pun] nagari ing Ngastina, saking mirisipun asingidan wontên sungapaning sagantên. Angêdhêm ing toya, ananging katitik pasingidanipun dening bala Pandhawa, lajêng kapratelakakên dhumatêng Prabu Yudhisthira, saha dhumatêng Prabu Krêsna, nuntên sami bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun wontên sungapaning sagantên. Bala Pandhawa sami sumêrêp ing soyahipunsolahipun. Prabu Suyudana angêdhêm salêbêting toya, Wrêkodara anyumbari saking ing dharatan, sarta anguwus-uwus. Awit botên prayogi yèn ratu kawon pêrangipun lajêng singidan ajrih manawi pêjah, kapurih mêntasa badhe kaajak prang tandhing, Prabu Suyudana sarêng mirêng enggal mêntas saking toya, reyab-reyab sarta kalêbus. Anjujug ing ngarsane Prabu Krêsna, Prabu Krêsna anantun. Punapa purun kaabên prang tandhing kalihan Wrêkodara, wangsulanipun Suyudana inggih purun. Prabu Krêsna parentah dhatêng balanipun. Kinèn anyukani busana karajan dhatêng Prabu Suyudana, sarta dêdamêl gada. Nuntên kasaru rawuhipun Prabu Baladewa ing Madura, saking tapa [ta...]

--- 251 ---

[...pa] sangandhaping grojogan toya agêng, Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira sasadhèrèkipun enggal sami mêthuk sarta ambagèkakên. Sarta apratela, yèn Prabu Baladewa botên amêningi prang Bratayuda, nanging badhe amêningi prang tandhingipun Wrêkodara kalihan Suyudana, Prabu Baladewa kaaturan angidinana, wangsulanipun Prabu Baladewa, mila enggal kondur saking pratapan, awit dipun sanjangi dhatêng Sang Hyang Narada, yèn badhe botên amêningi prang Bratayuda, dene ing mangke inggih sumêja angidini dhatêng ingkang badhe sami prang tandhing, wondene Prabu Suyudana wau sarêng aningali rawuhipun Prabu Baladewa, sakalangkung bingah ing galihipun. Cipta badhe wontên kang mitulungi ing sariranipun. Awit nagari Madura punika kabawah ing nagari Ngastina, sarta Prabu Baladewa kadamêl ratu andêl-andêling prang.

Sasampuning Prabu Suyudana angagêm busana karajan, sarta angasta gada agêng, lajêng wiwit prang tandhing kalihan Wrêkodara, Arjuna maras ing galih, bilih ingkang raka kasoran prangipun. [prang...]

--- 252 ---

[...ipun.] Enggal matur pitakèn dhatêng Prabu Krêsna, sintên kang badhe kasoran prangipun. Prabu Krêsna anyêrêpakên. Sarta Arjuna kadhawahan angèngêtna dhatêng Wrêkodara, saking katêbihan kemawon. Yèn pangapêsanipun Prabu Suyudana wontên pupunipun kang kiwa, Arjuna enggal anyakêti ing sawatawis dhatêng kang aprang tandhing, Arjuna angêjèpi sarwi anampèl wêntisipun kang kiwa, Wrêkodara sakêdhap aningali pamangsitipun ingkang rayi, sampun anampèni, enggal ngangsêg prangipun sumêja ngrukêt. Suyudana kèwêdan. Sumêja ngoncati amapan kang ombèr, lajêng milar, nanging sinarêngan sinabêt ing gada dhatêng Wrêkodara, kenging wêntisipun kiwa, Suyudana ambruk. Lajêng pinupuh ing gada, jinambak sarta dhinupakan dhatêng Wrêkodara. Prabu Baladewa sangêt murina ing galih, awit pamalanipun Wrêkodara sawênang-wênang, botên angangge cara pranging ratu, enggal anyandhak nanggala, kaayatakên dhatêng Wrêkodara, Prabu Krêsna sarêng aningali gugup ing galih, enggal anyandhak nanggalanipun Prabu [Pra...]

--- 253 ---

[...bu] Baladewa, sarwi matur ngrêrapu, sampun ngantos andahwèni ing solahipun Wrêkodara, mila amanggih pêjah siya-siya makatên, awit Prabu Suyudana punika kenging ipat-ipating Bagawan Mèntriya, kalihan kenging panêdhanipun Dèwi Drupadi, sabab Dèwi Drupadi wau kala rumiyin siniya-siya, dados Wrêkodara punika drêmi amalêsakên. Prabu Baladewa sampun lilih galihipun. Lajêng kaaturan angrumiyinana lumêbêt dhatêng nagari Ngastina, Prabu Baladewa inggih lajêng amiturut ing aturipun ingkang rayi Prabu Krêsna.

Sapêngkêripun Prabu Baladewa, Wrêkodara andumugèkakên ing sakarsanipun gèning damêl sawênang-wênang dhatêng Suyudana, sarêng Suyudana sampun rêmuk badanipun lajêng anyuwara, botên purun pêjah yèn dèrèng atapakan sirahing Pandhawa, nanging swara wau botên kapaèlu dhatêng Wrêkodara, Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira, Wrêkodara sabalanipun nuntên sami wangsul dhatêng ing pasanggrahan. Jisimipun Suyudana katilar wontên ing ngriku. Kala samantên Prabu [Pra...]

--- 254 ---

[...bu] Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira dèrèng karsa lumêbêt dhatêng nagari Ngastina, sabên ing wanci dalu sami midêr-midêr ing tilas papan paprangan. Tuwin ing wana sarta ing rêdi.

Kacariyos wontên putranipun jalêr Pandhita Durna satunggil anama Aswatama, punika kalanipun taksih salêbêting prang Bratayuda, apadudon kalihan Prabu Salya, mèh dados pôncakara, nanging Prabu Suyudana anglêrêsakên Prabu Salya, Aswatama sakit manahipun. Lajêng kesah tapa wontên satêngahing wana, bêdhahipun ing nagari Ngastina Aswatama botên sumêrêp. Kala samantên Aswatama sangêt kagèt kadhatêngan garwanipun Prabu Suyudana, sarta santana ing Ngastina kêkalih, anama Karpa kalihan Kartamarma, sami sanjang yèn ing Ngastina sampun bêdhah, Prabu Suyudana ical ing satêngahing pêrang, botên kantênan pêjah gêsangipun. Aswatama ngêrês manahipun. Awêlas dhatêng Prabu Suyudana, ciptanipun badhe ambelani ing kasusahan. Lajêng mangkat saking wana, alampah pandung, sumêja anyidra para pangagêngHal. 255 tidak ada.

--- 255 ---

...Hal. 256 tidak ada.

--- 256 ---

...

--- 257 ---

tên wontên purun ambadali parentahipun Bathara Wisnu, para wayah tuwin kang sami prihatos wau, ing sakala sami ical ing kaprihatosipun. Bagawan Abiyasa lajêng pamit, musna saking ing ngriku.

Anuntên wontên bala ingkang amratelakakên ing panggenanipun Aswatama, wontên ing dhukuh satêngahing wana, Karpa kalihan Kartamarma inggih tumut wontên ing ngriku, Prabu Krêsna sarta Prabu Yudhisthira lajêng bidhal lan sabalanipun. Sumêja anglurugi Aswatama, dhukuh pratapanipun Aswatama sampun kinêpang sarta sinurakan. Aswatama, Karpa, Kartamarma sami mêdal amêthukakên pêrang, Aswatama angayatakên jêmparing, anama Cundhamanik, wasiyat saking bapakipun kang nama Pandhita Druna, sarêng kawawas mêdal latu agêng, Prabu Krêsna enggal ngatag dhatêng Arjuna, anangkisa jêmparing latu wau, Arjuna lajêng amawas jêmparing Pasopati, inggih mêdal latu agêng, atêmpuh sami latu, sangking agênging latu urubipun sundhul ing Suralaya, para dewa sami kagegeran. Bathara guru

--- 258 ---

enggal angutus Sang Hyang Narada, andhawahakên daduka dhatêng kang pêrang, awit purun-purun amêdalakên jêmparing latu, Sang Hyang Narada nuntên tumurun. Ingkang sami pêrang kadhawahan angracuta jêmparingipun latu, awit jêmparing kêkalih punika sami dêdamêl ing Suralaya, botên kenging yèn kaanggea wontên ing marcapada, amasthi badhe angrisakakên, Arjuna sasampunipun angracut jêmparingipun latu, nuntên matur dhatêng Sang Hyang Narada, milanipun purun anglêpasakên jêmparing punika, awit saking parentahipun Prabu Krêsna, kinèn anangkis, Sang Hyang Narada sarêng mirêng sangêt suka ing galih, sarta angapuntên dhatêng Arjuna, Sang Hyang Narada lajêng andhawahakên daduka dhatêng Aswatama, dene purun-purun anglêpasakên jêmparing Cundhamik. Sabab punika pêparingipun Bathara Guru dhatêng Pandhita Druna, sarta sampun kawalêran. Botên anglilani yèn kaanggea pêrang, atur wangsulanipun Aswatama, mila purun anglêpasakên Cundhamanik, amung kadamêl angajrih-ajrihi kemawon, sabab sumêrêp yèn latuning

--- 259 ---

Cundhamanik wau botên purun ambêsmi ing tiyang kang botên sumêja sikara, Sang Hyang Narada inggih lajêng angapuntên dhatêng Aswatama, nanging jêmparing Cundhamanik kapundhut, lajêng kaparingakên dhatêng Arjuna, inggih sampun katampèn. Nuntên Prabu Krêsna matur dhumatêng Sang Hyang Narada, botên parêng yèn angapuntêna dhatêng Aswatama, sabab sampun anglampahi kadursilan. Anyidra Dèwi Srikandhi, kalih Pôncawala, tiga Drusthajumêna, ingkang dados karsanipun Prabu Krêsna, benjing yitmanipun Aswatama kalêbêtna ing naraka salaminipun. Ing mangke inggih botên kapêjahan, awit dèrèng mangsanipun. Benjing putranipun Abimanyu kang nama Prabu Parikêsit, punika kang badhe amêjahi Aswatama, nanging samangke taksih wontên ing wawratan. Dene yitmanipun Kartamarma katitisna dhatêng sawarninipun kang asih ing bêbangêr, amung Karpa kang dipun apuntên, sabab botên andarbèni manah kadursilan piyambak, aming kapêksa saking ajrihipun dhatêng Aswatama, ing mangke taksih anglulusakên gènipun darbe lampah kapandhitan. Sang Hyang

--- 260 ---

Narada tuwin para dewa sadaya inggih sami amiturut angèstokakên ing karsanipun Prabu Krêsna, nuntên sami mumbul wangsul dhatêng Suralaya.

Prabu Krêsna nuntên anjumênêngakên nata ing Prabu Yudhisthira wontên ing nagari Ngastina, kaèstrenan dening Prabu Baladewa sarta para ratu sasuruhan. Tuwin para jawata ing Suralaya inggih sami tumurun angidèni jumênêngipun nata, kala panjênênganipun Prabu Yudhisthira nagari ing Ngastina sakalangkung arja, tatiyangipun sami suka, botên wontên kang pinalanggalih,winalanggalih. awit karêksa dening Prabu Krêsna kalihan Arjuna, bilih wontên ingkang alampah doracara enggal kapapas. Ingkang bodho kasêrêpakên. Ingkang musakat kaparingan dana lumintu, mila sangêt kaeringan dening mêngsah. Sarêng sampun lêstantun jumênêngipun nata Prabu Yudhisthira, Prabu Baladewa, kalihan ratu ing Wiratha, ing Cêmpala, tuwin para ratu sanèsipun, lajêng sami pamit mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Namung Prabu Krêsna kang taksih anênggani wontên ing Ngastina. O.

--- 261 ---

Punika Lêlampahan Obong-obongan Bale Sigala-gala

--- 262 ---

Sapêjahing Pandhu, Jayapitana angadêg ratu wontên ing Ngastina, Abiyasa kondur dhatêng ngardi ing wukir Rêtau, ingkang wayah sinrahakên mring kang raka: Prabu Jayapitana, lajêng pinêrnah wontên ing Gajahoya, ingkang rayi Pandhawa gangsal, sarta dipun mong mring kang ibu Dèwi Kunthi. Panjênêngan tigang côndra: numpak ing dina Soma: Jayapitana miyos sinewaka, pêpak para Kurawa sarta Radèn Patih Sangkuni, ngandika Prabu Kurupati mring kang paman, Radèn Patih Sangkuni, karêp manira: paman, nagara ing Ngastina manira paro, ingkang saparo bubuhane, si adhi ing Gajahoya, manira wêdi yèn ambaèkna wêkase wong mati, Patih Sangkuni jumurung ing kalairan, alon ature Radèn Sangkuni, yèn aparêng karsane anak prabu, sanajan katimbalan ingkang rayi ing Gajahoya, sanajan amaliha nagari, pun bapa angaturakên ila-ila wiraose tiyang kina, botên kenging malih nagari salêbêting kadhaton, kajawi sajawining tapêl watês nagari Ngastina, wana ing Têgalkuru, Kurupati jumurung ature [a...]

--- 263 ---

[...ture] ingkang paman. Lajêng dhêdhawuh mring Patih Sangkuni, kinèn dhawuhi mring Drusasana, kinèn karya pasanggrahan ing Têgalkuru, yèn uwis, ngunjukana uninga, paman Sangkuni lajua mring Gajahoya, animbalana si adhi kalima pisan, sarta bibi Kunthi, Sangkuni sigra mêsat.

Nuntên kadhatonan, Dèwi Gêndari ngajêng-ajêng rawuhe kang putra, botên dangu rawuh Prabu Jayapitana, matur yèn badhe malih nagari, ingkang ibu mambêng, tiyang gangsal bokdiparingi sapratêlon mawon ingkang rayi piyambak kathah, ature Prabu Jayapitana, kula ajrih: ibu, yèn angowahana pitungkase ingkang sampun lalis, aluwung taksiha gêsang kenging kula gêgampil, sauman-umane sampun bêjane si adhi Gajahèhya,Gajahoya. kalih rêmbuge pun Sangkuni, botên parêng yèn maliha nagari salêbêting nagari, kajawi wontên sajawining rangkah, kula sampun dhêdhawah adamêl pasanggrahan kalih putra-putra sampeyan sadaya, yèn sampun dados, kula kèn ngunjuki uninga, kalih Paman Sangkuni kula kèn lajêng têng

--- 264 ---

Gajahoya nimbali putra sampeyan gangsal. Yèn sampun dados pandamêling pasanggrahan, kula ajak sarêng kemawon. Kurupati mundur, Dèwi Gêndari dhêdhawuh andikakakên mundhut obat, kathahipun wolung tong, dikakakên maringakên Sangkuni, sarta kaparingan sêrat, nulya mêdal para gusti, angrarompa tong.

Nulya kocap pasowan jawi, Kurawa pêpak sadaya, Radèn Sangkuni dhêdhawah mring Dursasana, kinèn yasa pêsanggrahan ana ing Têgalkuru, iku bakal paron nagara, anak prabu ing Ngastina angulungakên nagara saparo mênyang adhi ing Gajahoya, mulane gawe pasanggrahan, ing kono gone tampan-tinampanan nagara, Kurawa sarêng myarsa sadaya sami jêtung, tan antara dangu sawêdaling para gusti, ingkang angrarompa tong, lajêng kapatêdhakakên mring Patih Sangkuni, gungungipun wolung tong, sarta kapatêdhan sêrat, katampèn lajêng kasukmèng wardaya, kinèn damêl bale pun Gala-gala, dandanan kang dèn karya pring wutuhan, usuk andêr molo saka [sa...]

--- 265 ---

[...ka] blandare sami wutuhan, salêbêting pring ingisenan sêndawa wolung tong ditêlas. Ucêng-ucêng munggèng pojok mara sakawan, yèn sampun palihan nagari, Pandhawa kinèn ingêndêman mring Patih Sangkuni, sawancining Kurawa kinèn sami nglarihi sadaya mring kang rayi Gajahoya, yèn sampun wuru sangêt, ucêng-ucêng pojok kidul kilèn kinèn nyumêt rumiyin. Prabu Kurupati kinèn bêbayang mêdal. Nulya ucêng-ucêng pojok lor wetan kinèn nyumêt. Têlas ungêling sêrat, Kurawa samya gambira, lajêng têngara budhal, Kurawa sadaya, Sangkuni mring Gajahoya.

Nuntên adêgipun ing Gajahoya: Dèwi Kunthi, Puntadewa, Bratasena, Janaka, Pintèn, Tangsèn, sadhatênge Patih Sangkuni lajêng tinimbalan. Sadhatêng ing ajêngan Sangkuni matur, kula dipun utus ing putra sampeyan. Sampeyan dipun aturi lumêbêt, sarta putra-putra sampeyan, Radèn Puntadewa, Bratasena, pun Janaka, Pintèn, Tangsèn. Dèwi Kunthi gugup, lajêng ingkang putra [pu...]

--- 266 ---

[...tra] kinèn dandan. Lajêng budhal Bratasena wontên ing wingking, sampun lajêng.

Adêgipun ratu ing Ngastina Prabu Kurupati, sadhatênge Drusasana ngunjuki uninga yèn pasanggrahan sampun dados. Lêga galihe Prabu Kurupati, tanpantara dangu dhatênge ingkang bibi sarta ingkang rayi-rayi sadaya, ingkang bibi lajêng dipun aturi sarta ingkang rayi-rayi, sasampunnya binagèkakên, angling mraja Kurupati dhatêng ingkang bibi Dèwi Kunthi, têmbungnya Kurupati, kula punika badhe ngèstokakên pitungkase kangjêng paman prabu, ingkang sampun lalis. Yèn nagari Ngastina punika sapalih ingkang wontên kula, ingkang sapalih dhatêng pun adhi, nagari badhe kula sigar sêmôngka, nanging botên wontên ngriki gèn kula ngêlungakên, wontên pasanggrahan Têgalkuru, anuntên têngara budhal. Ingkang rayi kasaosan rata sanununggal.satunggal. Dèwi Kunthi munggèng joli, Radèn Puntadewa nunggal dados sarata lan ingkang raka Prabu Kurupati, Bratasena sukane dharat. Asêlur lampahing wadyabala, tan antara dumugi pasanggrahan [pa...]

--- 267 ---

[...sanggrahan] ing Têgalkuru, Prabu Kurupati lajêng pinarak ing bale panjang wêkas ingkang wetan, Radèn Punta tan kenging têbih, sarta ingkang bibi Dèwi Kunthi ingkang rayi sakawan. Kurawa tinimbalan kinèn minggah sadaya munggèng bale panjang, botên kirang botên langkung, kadya tinakêr panjange ingkang bale, lajêng sami dhêdhaharan, sarta nginum warih wantu-wantu, Kurawa samya gambira, Bratasena angloh gêrahên, pamit mring kang raka Prabu Kurupati, lajêng kalilan, nanging aja suwe-suwe, lajêng mêdal sajawining pasanggrahan, aningali lèr wetan wontên kajêng gurda agêng, lajêng pinurugan. Nulya sasèndhèn witing gurda kasilir ing samirana kathah, lajêng sare anglangkungi kapêjah.

Sinigêg, kocapa ing Suralaya, kagegeran katrajang ing gara-gara, udhunnya Bathara Narada, anjujug ing ngajêngane Bratasena, lajêng anggugah mring Bratasena, dèn oyog-oyog, cinêblèkan Bratasena datan anglilir, Yyang Narada anarik golok. Nulya cinundrik sukunira miwah pupu, Bratasena anglir

--- 268 ---

cinêcêkan ing dyah, sangsaya kapati Bratasena gènira sare, Yyang Narada amêndhêt sela gêngira sagênuk, dèn antêpakên munggèng papolok, sela curna, Bratasena anglir pendah pinijêtan. Sangsaya anglantur gènira sare, Yyang Narada èngêt, nulya mêndhêt panjalin, ginêcak pucukipun, nulya dèn lêlêt munggèng wulu puhun, lajêng sinêndhal. Bratasena kagyat nulya ngadêg netra ngatirah, panon mubêng langit akêlap-kêlap, sarta bumi kadya ginonjing, mulat ngiwa mulat nêngên datan wontên ingkang katingal, mung Sang Yyang Narada ingkang anguwuh-uwuh sarta amarani mring ngarsane Bratasena, lawan cêluk-cêluk. Aku anggugah mênyang kowe, mulane takgugah, aku ngêmban timbalane Yyang Girinata, dikakake mangsit mênyang kowe, sokur kowe katêmu dhewe, aku mau anjujug pasanggrahan ing Têgalkuru, kowe ora ana, mêngko katêmu ana kene, aja enak atimu, yèn kowe bakal tômpa nagara saparo, yèn kakangmu Si Kurupati bêcik têmên. Wis lila nagara saparo, wis ora [o...]

--- 269 ---

[...ra] anggrantês, nanging ana setane wakamu, Si Gêndari ingkang aduwe pokal. Ingkang mêtokake obat wolung tong disrahake mênyang Sangkuni, kakangamu Si Jayapitana ora wêruh, dene obat wolung tong kuwe gawene dikon anglêbokake sajroning pring, mulane pasanggrahamu pring wutuhan kabèh, usuk-usuk dudur molo, blandar pangêrêt saka kabèh, ambèn antol dêlika waton, kae padha isi obat kabèh, ucêng-ucêng pojok majupat. Kowe mêngko dadine diêndêmi saksanakmu kabèh, yèn kowe wis satêngah mati, utawa kakangamu adhimu, nuli disumêt ucêng-ucêng pojok kidul kulon, sarta alok gêni, nuli Kurawa nora nana tatulung mênyang kowe, mung Si Kurupati kang rinêbut, yèn wis mêtu saka ing bale, nuli ucêng-ucêng pojok lor wetan ingkang sinumêt. La kowe ora bisa mêtu, la ing kono Radèn Bratasena, sarêng mirsa wuwusira Bathara Narada anglêgêr datan kêna angling, sarta gêrêng-gêrêng anglir sima angsal bayangan, sigra mojar [mo...]

--- 270 ---

[...jar] Sang Bratasena mring Bathara Narada, iku apa têmên tuturmu iku: kaki Narada, mênèk kowe ngadon-adoni singating andaka, mojar Bathara Narada, ora ana dewa gêlêm goroh, yèn dewa nglakokna goroh, mendah manungsane gorohe bêblêg bae, dewa têmên pon-ponane, manungsane akèh kang goroh, mojar Radèn Bratasena, kapriye kaki Narada karêpmu, lingnya Sang Yyang Narada, kowe nuli balia mênyang ing pasanggrahan. Kakangamu adhimu ibumu, Kurawa Ngastina, mung kowe kang diêntèni, dadi ya sadina nginêpa, ora diwiwiti diobong, yèn ora têka kowe, dene mêngko yèn kowe têka dilarihi mênyang kakangamu tampanana, Sang Dursasana aja, sok katampanana, adhi-adhine padha iri, larih mênyang kowe, mêngko yèn wiwit ana gêni aja kowe mlayu, mung kakangamu adhimu ibumu rangkudên, aja nganti pisah, yèn kowe mêtu wis kabunton, jaba wis dirakiti bakal dêdalanmu, mêngko yèn ana garangan putih angglibêt ana [a...]

--- 271 ---

[...na] ing ngarêpmu, kuwe tutên buri saparane aja uwas atimu, wis aku ora wêkas manèh, wis karia dieling, Narada mumbul, Bratasena wangsul dhatêng pasanggrahan.

Kocapa Prabu Kurupati lan ingkang rayi Radèn Puntadewa, Janaka, Pintèn, Tangsèn, Dèwi Kunthi. Prabu Kurupati, dangu gènira ngantosi ingkang rayi Radèn Bratasena, amundhut papan catur, ingkang rayi kawulang lampahing catur, iki adhi alip-alipane wong dadi ratu, wruh lakuning bala, lakuning gajah, jaran, lakuning êtir, sarêng kawulang angsal kalih papan, ingkang rayi lajêng sagêd. Wis adhi ayo padha lêkas wiwit. Tohe pun kakang nagara ing Ngastina saparo, Si adhi apa tohe, matur Radèn Puntadewa, pêjah gêsang kula ingkang kula tohakên. Dèwi Kunthi sumambung, angaruhi ingkang putra Radèn Punta, têka kêndêl têmên kowe iku wong durung bisa, mênèk kowe kalah, bok aja nganggo totohan. Jaragan wong ora duwe, Prabu Kurupati sumaur mring kang bibi Dèwi Kunthi, mêngkono [mêngko...]

--- 272 ---

[...no] bae si bibi kuwe dadak maras atine, napa nêja kula têmêni, Dèwi Kunthi sumaur malih, botên kenging: anak prabu, sabda pandhita ratu ngandika sapisan tan kêna wali-wali, saure Prabu Kurupati, inggih bibi yèn dhawah tiyang sanès lajêng lêkas angsal sapapan kawon Prabu Kurupati, kalih papan kawon. Angsal tigang papan mèh mat ratune, saking sagêde Radèn Sangkuni papan catur dipun ingêr, Dèwi Kunthi mirsa yèn papan catur kaingêr mring Sangkuni, lajêng dipun paribasani, têka kaya mangkono Si Sangkuni kuwe, têka jail katèmpèlan ati setan. Wis raimu nyarungus atimu ala, Sangkuni lajêng morot wangsul dhatêng panggenane malih, sandhing Radèn Drusasana, botên dangu dhatênge Radèn Bratasena, lênggah kiwane ingkang raka radèn Punta, Prabu Kurupati sakalangkung bungahe, dhatênge ingkang rayi, sampun dangu pangajêng-ajênge, Kurupati lajêng larih mring kang rayi Radèn Punta, mring Bratasena, Radèn Janaka, Pintèn, Tangsèn. Sangkuni kang angladosi anyôngga dhasar, sampun jangkêp kaping tiga Prabu ...

...Hal. 273 dan seterusnya tidak ada.