Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Gugon Tuhon, Prawira Winarsa, 1911, #1222

Katalog:Gugon Tuhon, Prawira Winarsa, 1911, #1222
Sambung:-

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur, No. 16.

--- 0 ---

Sêrat Gugontuhon

Piwulangipun para sêpuh ing jaman kina dhatêng lare-lare

Kaimpun sarta katêrangakên dhatêng Radèn Prawirawinarsa ing Ngayugyakarta

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun pirmah papirus Bêtawi

1911.

--- 4 ---

BIJGELOOF BIJ DE JAVANEN DOOR RADEN PRAWIRAWINARSA TE DJOCJAKARTA

BATAVIA DRUKKERIJ PAPYRUS EERTIJDS H. M. VAN DORP & Co 1911.

--- 5 ---

Walèh

Kula nuwun wiyosipun: mênggah anggèn kula reka-reka ngimpun sarta anêrangakên piwulang gugontuhon, punika botên kok saking badhe ngatingalakên dhatêng kasagêdan utawi kasrêgêpan kula, punika tangèh lamun makatêna. Awit para maos andupara yèn kakilapana, dhatêng ing atasipun guru bantu, sapintên ta, kasagêdanipun.

Mênggah parlunipun: piwulangipun para sêpuh ing jaman kina ingkang dhatêng lare-lare, tumrapipun dhatêng tiyang ing jaman sapunika, kathah ingkang botên mangrêtos kajêngipun. Awit piwulang wau namung dipun bandhani: ora ilok, ora bêcik, disapu malaekat lan sapanunggilanipun, ingkang lukit-lukit angèl dipun suraos. Piwulang wau ugi wontên ingkang sampun jarwa, ananging namung sawatawis. Dene ingkang dèrèng jarwa, punika agêng sangêt [sa...]

--- 6 ---

[...ngêt] paedahipun ing atasing tiyang Jawi. Mila kula lajêng kêdêrêng ngimpun dhatêng piwulang gugontuhon wau, sarta sakaconggah kula, kula têrangakên kadospundi kajêngipun piwulang wau, supados andamari dhatêng ingkang dèrèng mangrêtos.

Ingkang punika ambok manawi wontên kêkiranganipun sarta sisip sêmbiring panyuraos, mugi sami angagungna sagantên pangapuntên dhatêng pun kula:

Prawirawinarsa.

--- 7 ---

1. Aja sok lungguh ing bantal, mundhak lara wudunên.

Bantal punika pirantosipun tiyang tilêm, kangge angganjêl sirah. Môngka ing atasipun tiyang Jawi, sirah punika kadi pun aji-aji sangêt. Môngka saindênging bokong punika kaanggêp ingkang asor. Dados ganjêl sirah wau, manawi kangge angganjêl bokong, têmah anyudakakên pangaji-ajinipun dhatêng sirah, dados nama murang tata.

2. Aja sok nêkuk bantal, mundhak ora ilok.

Tatilêman utawi tilêm, punika manawi bantalipun dipun têkuk, pamrihipun namung sirahipun sagêd inggil, kajêngipun supados kraos sakeca. Ananging tilêm sirahipun ngantos andhêngklèk, punika botên prayogi. Awit manawi tilêmipun sakecanên, jalaran saking sayah anggènipun dolanan ing siyangipun utawi karipan, lajêng dangu botên alihan, inggih punika lajêng anjalari sakit tèngèng. Makatên malih tilêm [tilê...]

--- 8 ---

[...m] ingkang makatên wau, Asring ngorok, jalaran lampahing napas botên lulus, kajawi saking punika, bantal dipun têkuk punika kêtikêl, dados sagêd suwèk utawi bêdhah.

3. Aja sok jagjagan ana ngambèn utawa paturon, mundhak ora ilok.

Patilêman utawi ambèn, punika namung kangge pirantos tilêm utawi linggihan.Môngka jagjagan punika têmbung kasar ingkang têgêsipun lumampah tanpa rêringa, dados jagjagan wontên ing patilêman utawi ing ngambèn punika murang tata. Punapa malih manawi dlamakanipun rêgêd, saèstu angrêgêdi ing panggenan wau.

4. Yèn mapan turu aja nganti gupak upa, mundhak ngimpi ditampêl lintah.

Lintah punika sami-sami kewan anggêgilani, jêr saking anggènipun gênduk-gênduk tanpa balung êri, punapa malih purun nêsêp utawi ngêcop êrah. Sampun malih lare botêna [bo...]

--- 9 ---

[...têna] kathah ingkang gila, sênajan tiyang sêpuh inggih samantên ugi. Sarêng mapan tilêm, anggènipun angangên-angên sangêt, jalaran saking gila ambokmanawi saèstu supêna dipun tapêl lintah, amêsthi kagum-kagum. Ing wusana sarêng tilêm lajêng kêtênta dipun tampêl lintah saèstu. Ingkang makatên wau dados piandêlipun lare-lare. Nanging sajatosipun upa punika rêrêgêd ingkang plikêt, dados kajêngipun tiyang sêpuh wau, namung murih sagêda rêsikan.

5. Aja sok turu malang-megung, mundhak ora ilok.

Tilêm ingkang ujuripun malang megung, punika kajawi ngêbak-êbaki papan, dipun tingali inggih kirang sae, dene botên tata utawi jujur. Punapa malih yèn wontên rencangipun ingkang tunggil tilêm, saèstu adamêl susahing rencangipun wau.

6. Aja sok turu nganggo bantal dhuwur, iku anggêdhèkake [anggêdhèka...]

--- 10 ---

[...ke] kamuktèn, besuk bojone mundhak brewok. Yèn tumrap dhatêng lare jalêr: besuk bojone mundhak kopèk.

Punika kajêngipun piwulang kadosdene kateranganipun bab 2, namung kaot nêkuk kalihan nungsun bantal. Utawi ambokmanawi botên nguman-umani kancanipun.

7. Aja sok mangan ana paturon, mundhak lara gudhigên.

Punika kajêngipun namung supados sagêda rêsikan. Awit nêdha tatêdhan wontên ing patilêman punika yèn tatêdhan wau kècèr murugakên rêgêd sarta karubung sêmut. Dados yèn nêdha supados wontên panggenan ingkang patut kangge nanêdha.

8. Aja mêmangan karo taturon, mundhak adoh malaekate.

Punika kajêngipun piwulang, kadosdene bab: 7,

--- 11 ---

kajawi saking punika, kirang anglênggahi dhatêng tatacara, punapa malih manawi anggènipun nanêdha wau mêngkurêp, lampahing tatêdhan kirang lastantunipun lan lampahing wadhuk anggènipun ngêjur dhatêng têtêdhan saèstu kirang rosa. 9. Aja sok mangan nyôngga ajang, pincuk, takir, godhong lan sêjene, mundhak kêmaga§ têmbung; kêmaga, punika têgêsipun, gêla utawi cuwa. Dados têrangipun piwulang wau: sakabèhe kekarapan mundhak ora tutug.

Mênggah kajêngipun piwulang wau makatên: nêdha anyôngga ajang, punika kêjawi botên anglênggahi tatakrama, ajang wau upami kêsenggol punapa-punapa, gampil anggalewangipun, wusana tatêdhanipun lajêng wutah, dados botên dumugi anggènipun nêdha, ing wêkasan kajêngipun: gêla, cuwa, gêtun = kêmaga.

10. Yèn nêngah-nêngahi madhang aja sok ngombe, iku dibasakake anggêdhèkake kamuktèn.

--- 12 ---

Sok tiyanga anggêripun nêngah-nêngahi nêdha kêsêrêtên, inggih kêdah ngombe. Nanging kajênging tiyang sêpuh wau namung murih yèn nêdha sampun ngantos kêsêrêtên. Awit nêdha ngantos kêsêrêtên punika mracihnani yèn kasêsa, inggih punika têtêdhan ingkang dipun ulu wau kagêngên utawi dèrèng lêmbat pamamahipun. Punika katingal têmên kasêsa utawi ngôngsa-ôngsa, punapa malih kêsêrêtên punika lajêng asring cêkikên, dados upami nêdha wontên ing para tamon ngantos makatên saèstu saru sangêt.

11. Yèn madhang aja sok nisa, mundhak mati pitike.

Yèn pancèn sisa wau manawi dipun têdahakên dhatêng ayam, pun ayam malah lêma. Ananging kajêngipun tiyang sêpuh botên makatên. Yèn nêdha ngantos nisa, punika ingkang badhe nêdha sintên, dados prayogi imbêt, tinimbang nisa.

12. Yèn nêngahi mamah, nanêdha aja cêcaturan. Mundak kêsêlak.

--- 13 ---

Punika sampun jarwa. Kajawi saking makatên yèn cangkèm wau taksih kêbak tatêdhan, kangge ginêman têmbung kirang cêtha, awit suwantênipun kaling-kalingan têtêdhan. Makatên malih anggènipun ginêman wau kêsêrot. Punika lajêng pating salêmprot dhawah ing pundhi-pundhi, dados anggigoni dhatêng asanès punika nama murang tata.

13. Aja madhang ana ngilo-ilo mundhak diiloni setan.

Ngilo-ilo punika pêtêng, dados upami katutan punapa-punapa saèstu botên sumêrêp, makatên malih yèn nêdhanipun kirang tata, kados ta: kêsêsa: puluk dhêkêm, lawuh ingkang kirang prayogi lan sanèsipun, botên kasumêrêpan dhatêng tiyang sêpuhipun.

14. Aja sok nucup banyu kêndhi, mundak ora ilok.

Kêndi punika ing cucup utawi gulunipun ing lêbêt, asring dipun ênggoni kewan ingkang alit-alit, kados ta: [ta...]

--- 14 ---

[...:] sêmut, rêna, kalajêngking utawi sanèsipun, dados upami lajêng ujug-ujug nucup toya kêndi, kuwatosipun ambokmanawi katutan kewan-kewan wau saèstu botên sumêrêp.

Wontên lare nucup kêndhi, kêndhi wau sadèrèngipun dipun cucup, dipun curakên dhatêng siti rumiyin, punika sampun nama ngatos-atos. Nanging ingkang makatên wau inggih kirang prayogi, awit: ingkang sapisan dèrèng tamtu, ambokmanawi wontên kewanipun lajêng sagêd katut. Kaping kalihipun lajêng nisani ing ngasanès, kadosdene toya sagêlas dipun ombe tiyang kalih utawi langkung.

15. Aja sok anglôngga, (anggogok) banyu kêndhi, mundhak ora ilok.

Punika kajêngipun mèh sami kadosdene ingkang kasêbut bab: 14, namung kaot botên nisani. Ananging malah sangsaya saru dipun tingali ing asanès awit: cangkêmipun malongo andêngak, mripat manthêlêng minggah, lajêng dipun curi toya kêndi, larasipun kados to(co)rong

--- 15 ---

lisah, ingkang dipun soki lisah saking ing gêndul. Makatên malih suwantênipun angulu, kamirêng cêgak-cêguk sora kados dene suwantênipun kapal manawi ngombe.

Dados prayoginipun ngombe toya ing kêndhi punika mawi cangkir utawi gêlas. Supados botên nisani kalihan sumêrêp mênggah rêgêd rêsikipun.

16. Yèn mangan sêmôngka, nôngka sabrang, sawo lan sanèsipun ingkang mawi isi alit-alit: bangsanipun kêcik, aja nganti katut isine, mundak thukul ana ngêmbun-êmbunan.

Isi-isi wau wontqn ing wadhuk botên sagêd ajur, dados botên maedahi punapa-punapa ing atasipun dhatêng awak, dêstun padharanipun malah sêbah. Dados anggènipun nênêdha wau, sagêda tlatos ambucal isinipun, sampun katingal kêsêsa ngantos katutan isi.

17. Aja sok turu mêngkurêp, mundhak pangling sing momong.

Tilêm mêngkurêp punika sirahipun mêsthi miring, yèn kêdangon [kêda...]

--- 16 ---

[...ngon] botên alihan, inggih sagêd tèngèng ingkang kasêbut bab: 2 lan 6 wadhukipun kêtindês botên sagêd rosa pangêjuripun têtêdhan, usus kêmambang, saèstu angrisakakên dandosaning padharan. Kajawi saking punika, lambenipun asring mênga, wêkasan ngilêr anggupaki bantal utawi sanèsipun. Dados angrêgêdi utawi anggigoni.

18. Aja sok turu nganggo klambi, apa kowe ora wêruh yèn wong mati nganggo klambi, iku klambine banjur dikèkrèk.

Sarêng ing piwulang riku wontên têmbungipun: mati, lare ingkang dipun wulang saya sangêt ajrihipun, supados sagêda nurut. Nanging sajatosipun rasukan dipun angge tilêm punika kuwatos manawi enggal risak, kadosta: pating klinthing, kêcènèng, kêkukur lan sanèsipun. Dados kajêngipun dipun purih gêmi.

19. Aja turu krukup, mundhak pangling sing momong.

--- 17 ---

Tilêm krukup punika anggêgilani dening wujudipun kados tiyang pêjah. Makatêm malih gantosipun hawa ingkang wontên salêbêtipun kêmul kalihan ing jawi, saèstu dhêdhêl sangêt. Jalaran kaling-kalingan. Dados lumêbêtipun hawa ing jawi, namung mêdal sêla-sêlaning rêrênggang kemawon. Wêkasan ambêkanipun sêsêk kumrangsang, awit kêtêlasan hawa sarining: bumi latu lan angin inggih punika ingkang dipun wastani kêplêpêkên. Wêkasan awakipun kirang sakeca.

20. Aja sok sasêrit ing wayah bêngi, iku iku andhandhang matine wong tuwa.

Sasêrit ing wanci dalu punika manawi tumanipun wontên ingkang malêtik utawi dhawah ing sinjang, lôngka sagêdipun sumêrêp, awit saking alitipun. Ing wusananipun lajêng sami gêsang wontên ing sandhangan. Inggih punika wontênipun tuma sinjang.

21. Aja lungguh, ngadêg, andhodhok ana têngah

--- 18 ---

lawang, mundhak jodhange bali ing dalan. Tumrapipun dhatêng lare jalêr: mundhak siyal olèhe golèk bojo.

Sarèhning lawang punika margi ingkang kangge mlêbêt mêdal dhatêng ing griya, dados manawi dipun ênggoni kangge kèndêl, amakèwêdi ingkang langkung.

22. Yèn nyapu ora rêsik, besuk bojone mundhak ala.

Kajêngipun tiyang sêpuh, sadaya padamêlan punika kêdah ingkang sampurna. Dados manawi nyapu botên rêsik, tiwas ngaping kalih damêl, tur dipun tingali inggih botên ngrêsêpakên, punapa malih manawi manuh makatên, nyambutdamêla punapa kemawon inggih badhe kirang sampurna, awit sampun rêmên dhatêng têmbung: ngarah apa.

23. Yèn nyapu aja ngêndhêgake uwuh ana ing dalan.

Mundhak jodhange bali ing dalan, tumrapipun dhatêng lare jalêr: mundhak siyal olèhe golèk bojo.

--- 19 ---

Punika kajêngipun, mèh sami kadosdene ingkang kasêbut bab: 22, dados uwuh wau kêdah kalajêngakên dhatêng pawuhan. Sae punapa uwuh mêthuthuk wontên panggenan ingkang dede panggenanipun.

24. Aja sok mundhak wong tuwa, mundhak marahi lalèn.

Pundhak punika panggenanipun nginggil sangandhap sirah, dados kalêbêt ingkang dipun ajèni. Mila manawi lare ngantos purun nyandhak pundhakipun tiyang sêpuh, punika nama kranyak, kirang ajrih lan ngajèni dhatêng tiyang sêpuh.

25. Aja sok malerok, besuk ana kanane, matane mundhak dicukil malaekat, andolèh (molèr) têkan ing githok.

Piwulang wau ingkang kathah namung tumrap dhatêng lare èstri. Menggah ing lare jalêr, inggih mêksa kirang prayogi. Awit: malerok punika golonganing sasmita ingkang gampil dipun tampèni. Kajêngipun wontên warni kalih,

--- 20 ---

ingkang sapisan: nêsu, dening botên kadugi manahipun, ingkang kaping kalihipun anêgêsakên: lalewa anuju prana ing priya utawi asanès. Ingkang makatên wau tumrapipun dhatêng lare saèstu botên prayogi, awit manawi sampun kêlajêng gadhah lalai mlerok, agêngipun lajêng kadosdene tiyang ingkang lènjèh ing priya utawi tiyang ucul.

26. Aja sok mèncêp, besuk ana kanane lambene mundhak digunting malaekat.

Punika ugi sasmita. Mênggah kajêngipun piwulang ugi sami kadosdene ingkang kasêbut bab: 25, namung kaot mripat kalihan lambe kemawon.

27. Aja sok ngliling bayi saka dhuwur êndhas, mundhak pangling sing momong.

Ngliling bayi sadhuwur êndhas punika têrangipun makatên: upami bayi mujur mangalèr, ingkang ngliling wontên salèring bayi majêng mangidul, nungkuli sirahipun bayi.

--- 21 ---

Dene kajêngipun makatên: bayi punika paningalipun dèrèng patos pramanêm lan ajêg, ningali wêwujudan wêwarnèn sasaminipun dèrèng sumêrêp, kadospundi kawontênanipun barang ingkang dipun tingali wau. Dados kajêngipun tiyang sêpuh, anggènipun nglêlatih paningalipun bayi sagêda ajêg lan jujur, supados enggal manuh sumêrêpipun dhatêng bongkot pucuk utawi wêwarnèning barang, sarta botên adamêl risaking paningal.

28. Aja sok madhang ajang cêthing, mundhak ngêntèk-ngêntèkake kamuktèn.

Lare nêdha ajang cêthing punika sayaktosipun botên anglênggahi dhatêng tatakrama. Sênajan sêkulipun kantun sakêdhik, kintên-kintên kantun satadhahipun lare, têka saru tiningalan. Awit cêthing punika namung kangge wadhah sêkul, ing wusananipun kangge ajang, lajêng melok sangêt anggènipun murka angôngsa-ôngsa.

29. Aja sok ngadêg wuda ana paturon, mundhak ngadohake malaekat.

--- 22 ---

Punika mèh sami kadosdene ingkang kasêbut bab: 3.

30. Aja sok dhêmên ngrayab, mundhak kaya Bêthari Durga.

Ing padhalanganipun Bêthari Durga punika kacariyos dados ratuning lêlêmbat, mênggah wujudipun ringgit danawa èstri ingkang ngreyab. Punika kacariyos wêwatakanipun langkung candhala, rêmên angubyungi dhatêng tiyang ingkang lampah silib, sarta rêmên angêgodha adamêl ruwêt rêntêng.

Mênggah kajêngipun piwulang, ngreyab ingkang tanpa parlu punika, kalêbêt ewoning murang tata, awit katingal pating krêmbyah.

31. Aja sok dhêmên dhidhis, mundhak ngêdohake malaekat.

Dhidhis punika padamêlan ingkang sapele sangêt, ananging ingkang nglampahi, sayaktosipun kalihan têmên-têmêning manah, kadospundi murih sagêdipun angsal tuma utawi lingsa, awit namung ngawur gagap-gagap, yèn dipun tingali ing

--- 23 ---

asanès, dene lajêng mracihnani yèn piyambakipun lare kêsèd. Awit tuma punika kenging dipun garuk nganggê sêrit, mênggah icaling lingsa, sok ugi botên gadhah tuma, inggih botên gadhah lingsa.

Ananging wontên dhidhis ingkang pancèn botên pados tuma utawi lingsa, inggih punika namung dhatêng lalai. Mênggah rambut ingkang dipun dhidhis, namung sanginggilipun athi-athi. Dados têtela mokal manawi pados tuma utawi lingsa. Ingkang nglampahi dhidhis makatên wau, namung tiyang èstri.

32. Yèn jungkatan aja ambuwang bodholan rambut saênggon-ênggon, besuk yèn ana kanane, mundhak ngribêdi ênggonmu mlaku munggah nyang suwarga.

Rambut punika lêmbat sarta ènthèng, dados gampil sangêt kaburipun. Bodholan punika yèn ngantos kabucal saênggon-ênggon, kuwatos manawi kabur dhatêng pundi-pundi, lajêng angrêgêdi papan, barang utawi tatêdhan. Malah yèn ngantos carup wontên ing tatêdhan anggigoni [anggi...]

--- 24 ---

[...goni] utawi ngênêk-ênêki, sisip sêmbiripun anarka dhatêng ingkang ocal-ocal, amastani kirang rêsikanipun.

33. Aja sok ngobong rambut mundhak ngambon-amboni.

Punika sampun jarwa. Ananging wontên ingkang marili makatên: mundhak ambodholake sing isih.

34. Aja sok sôngga uwang, mundhak nyôngga susahe wong patang puluh.

Nyôngga uwang punika kalêbêt golonganing sasmita, anêrangakên manawi manahipun sawêk ribêt utawi susah, ugi gêtun utawi kêduwung. Dados manawi pancèn botên susah wasana sôngga uwang, punika sawangipun kados sawêk susah, utawi kenging dipun wastani anandhang susah.

35. Aja sok sadhakêp, mundhak diêdohi rijêki.

--- 25 ---

Punika ugi mèh sami kadosdene bab: 34, awit sadhakêp punika ugi golonganing sasmita, anêrangakên manawi sawêk susah utawi sanèsipun, bangsaning raribêt.

36. Aja sok adus wayah têngange, mundhak mati tanggung.

Têmbung têngange punika saking rêringkêsanipun têmbung: têngah kalihan srêngenge. Dene kajêngipun ing wanci badhug siyang.

Manawi sawêk wanci bêdhug siyang, punika panggêbaging bêntèr nêdhêng sumêlèt, tumrapipun ing badan bêntèr sarta sumuk. dados manawi nêdhênging sumuk lajêng adus, punika lampahing karingêt lajêng kèndêl, bêntèr ingkang wontên salêbêting badan kandhêg botên sagêd mêdal, dening asrêping toya. Ingkang makatên wau anjalari ing sakitipun.

37. Aja sok nginang utawa udud, besuk yèn pasah mundhak murub.

Dayaning kinang utawi udud, punika mila bêntèr, tumrapipun dhatêng untu ingkang taksih nèm, mila angatosakên. [angatosa...]

--- 26 ---

[...kên.] Dados lare ingkang kulina nginang utawi udud, pasah-pasahanipun mila atos. Ananging kajawi ingkang makatên wontên malih inggih punika:

Ingkang sapisan: tumrapipun lare, tiningalan ing asanès kirang patut utawi udud utawi nginang punika anggèning tiyang sêpuh. Malah manawi wontên lare ingkang purun makatên, lajêng dipun saru: cah sêmono we udud, utawi nginang. Kok kêmaki utawi: kumini.

Kaping kalihipun: sajatosipun ingkang parlu ambêborosi.

38. Aja sok ngombe nganggo layah, besuk nèk ditontoni rupaa ayu dikayangapa kae iya dadi katon ala. Tumrapipun lare jalêr mundhak ditampik prawan.

Layah punika wêwadhah ingkang kaanggêp saru utawi asor, tumrapipun tiyang ingkang botên gadhah piring, kaangge wadhah jangan, ajang utawi sanès-sanèsipun, môngka punika kaangge pirantos ngombe, dados inggih sampun [sampu...]

--- 27 ---

[...n] kalèntu. Sênajan anggènipun ngombe wau namung sakêdhik nanging katingalipun kathah, awit katitik saking agênging wadhah. Dados saru tiningalan.

39. Aja sok nguyuh karo ngadêg, mundhak besuk ora kêna dikekahi.

Lare ingkang botên sagêd dipun kekahi, punika saminipun lare zadah.

Kekah punika isarat, bôngsa pangaturanipun agami. Ingkang dipun angge kewan dipun sêmbêlèh, cêkakipun kangge wilujêngan. Saking cariyosipun, benjing dumugining zaman akhir, kewan wau kangge têtumpakanipun tiyang utawi lare ingkang dipun wilujêngi wau. Dados lare utawi tiyang sadèrèngipun pêjah dèrèng dipun kekahi, punika benjing yèn wontên ing zaman akir botên gadhah têtumpakan, têmah ngrêkaos ing lampahipun. Sarèhning zaman kalanggêngan punika sungil rinêmbag, sapunika prayogi ngrêmbag piwulang wau kemawon ingkang kasatmata.

--- 28 ---

Nguyuh kalihan ngadêg punika ing ngatasipun tiyang Jawi, kaanggêp saru, dene kados kewan. Punapa malih tumrapipun dhatêng lare èstri, saèstu kirang prayogi sangêt, awit uyuhipun sagêd andalèwèr turut pupu, têmahan sagêd anjêjêmbêri. Mila lêkasipun para bakul padhusunan ingkang sami purun nguyuh ngadêg wontên sapinggiring margi, punika sangêt andadosakên eraming manah, dene têka nylao sangêt dhatêng tataning manusa.

40. Aja sok dhêmên mamisuh, besuk ana kanane lambene mundhak digunting malaekat.

Pêpisuh punika têmbung saru ingkang kasar ingkang mahyakakên wados utawi lêlampahan ingkang saru-saru, tur mawi ngèmbèt-èmbèt tiyang sêpuh, ingkang botên sumêrêp punapa-punapa. Dados lare ingkang kulina têmbung wau kirang prayogi sangêt, kenging dipun wastani: trocoh. Dene mèmpêr boroting payon.

41. Aja sok dhêmên jothakan, mundhak dadi wong kapir.

--- 29 ---

Lare ingkang rêmên jothakan, punika amracihnani yèn piyambakipun rêmên pabên sarta katitik awoning manahipun. Ingkang makatên wau sarèhning kancanipun kathah utawi kêrêp dipun jothak, wêkasan sami nyirik tunggil dolan. Kajawi saking punika, nalika taksih lare rêmên jothakan, dados benjing manawi sampun dados tiyang sêpuh, inggih rêmên parabên utawi kêrêngan. Ingkang makatên wau lajêng dipun cirèni tôngga têpalih, yèn piyambakipun tiyang ingkang rêmên pabên.

42. Aja sok dhêmên nonton wong para padu, mundhak kêtempelan duraka.

Parapabên punika purugipun dhatêng prakawisan. Yèn kêlampahan ngantos dados kakêrêngan, wontên ingkang kêtiwasan salah-satunggalipun. Punika ingkang sumêrêp masthi dipun tarik dados saksi.

Kajawi saking punika, lare ingkang rêmên ningali parapabên, sayaktosipun prasasat sinau ngikal basa kangge

--- 30 ---

parapabên. Dados lajêng badhe sumêrêp dhatêng kewasanipun têmbung ingkang kirang prayogi.

43. Aja sok tumbak cucukan, mundhak dadi wong kapir.

Tumbak cucukan, tumbak pucukan punika tansah adamêl mungkading nêpsunipun tiyang utawi lare ingkang mamêngsahan. Dados piyambakipun saya mangrêtos kadospundi rekadayanipun ingkang mamêngsahan punika saya sêrêng ing nêpsunipun. Ing wusananipun sarêng ingkang pabên saya rame, piyambakipun lajêng bingah. Ing têmbe wingking sarêng sampun sami wawuh lajêng lelehan, wêkasan puntu kang tumbak cucukan, lajêng kêtitik ing awoning manahipun. Kajawi saking punika, benjing yèn dados tiyang sêpuh, lajêng kulina abên-abên sagêd ngênggèni dhatêng paribasan: cindhil adu gajah.

44. Aja sok dhêmên ngandhakake alaning uwong, mundhak cinathêt ing malaekat.

Rêmên nyariyosakên awoning tiyang, punika saking

--- 31 ---

sêdyaning piyambakipun wau rumêsik-rêsik, botên gadhah awon lan gèthèk cirining badanipun. Kawuningana: tiyang sajagad punika botên wontên ingkang tanpa cacad.

45. Aja sok ngokop kokohan, mundhak pêtêng atine.

Ngokop kokohan punika saru têmên tiningalan, dene kêtingal kêsêsa ing panêdhanipun kadosdene kewan. Botên sarantan ing manah, awon punapa upami ngangge suru.

46. Aja sok kakêcèh, mêngko bêngi nèk turu mundhak ngompol.

Toya ingkang kangge kakêcèh, punika botên tamtu manawi toya rêsik, malah ingkang kathah toya rêgêd. Ingkang makatên wau kuwatos manawi kenging sesakit gudhig. Kajawi saking punika, yèn anggènipun kakêcèh wau wanci sontên utawi sêrap, mila inggih murugakên kêrêp [kê...]

--- 32 ---

[...rêp] nguyuh. Awit kakêcèh punika manawi sukunipun kêdangon kêkum ing toya, raosipun lajêng asrêp. Sarèhning sampun botên wontên bêntèr, asrêpipun lajêng rumambat ing badan sakojur, sarêng dalu kawêwahan asrêping hawa ing wusana padharanipun saya asrêp. Ingkang makatên wau andadosakên kêrêping nguyuh kadosdene bèsèr. Môngka lare punika manawi sampun tilêm lajêng sakecanên, ngantos botên kraos manawi salêbêtipun tilêm punika nguyuh. Dados piwulang wau sampun jarwa.

47. Surup-surup aja adus wuwung, mundhak ngêlu.

Punika sampun jarwa. Awit adus ing wanci sêrap punika rambutipun botên sagêd garing jalaran sampun botên bêntèr. Wusana toya ingkang wontên ing rambut wau sami rumêsêp dhatêng kulit, wêkasan ngrandhatakên lampahing êrah, inggih punika lajêng anjalari sakit ngêlu. Kajawi saking punika, rambut wau inggih lajêng mambêt apêk utawi pênguk. Dados punika tumrap lare ingkang ngingah rambut.

--- 33 ---

48. Aja sok mangan pêpanganan kang panas-panas, mundhak gêlis ompong.

Punika sampun jarwa. Ompong punika kajawi saking nyudakakên dhatêng warni, mila inggih satunggiling kapitunèn ingkang agêng, dene botên sagêd angalusakên tatêdhan, punapa malih lajêng ajrih dhatêng tatêdhan ingkang rênyah-rênyah. Kajawi saking makatên, ugi ngrisakakên dhatêng dandosaning padharan.

Bab prakawis untu, malah-malah para sagêd sami ambudi, kadospundi rekadaya ingkang kaêcakakên, supados untunipun botên enggal ompong utawi katêdha ing ulêr.

49. Aja sok pêpanas, mundhak malêthèk gundhule.

Bêntèr punika angrisakakên samubarang, dados lare babêntèr dipun awisi, punika amrih sampun cêmêng lan ambasisik kulitipun. Kajawi saking punika sagêd anjalari sêsakit bêntèr utawi sanèsipun.

--- 34 ---

50. Aja sok tangi kêdhisikan pitik, mundhak sêbêl ing samubarang.

Mêdhakipun ayam saking patilêman, punika kiwa têngênipun jam gangsal. Dene lare kapardi tangi ing wanci enjing, supados awakipun angsal hawa ingkang sae sarta sêgêr, punika murakabi sangêt dhatêng pirantosipun badan, kajawi saking wunikapunika. kalantih têngèn sarta badhe sarêgêp utawi doyan dhatêng padamêlan.

51. Aja mêlèk wêngi-wêngi, sesuk mundhak kêrinan.

Punika sampun jarwa. Manawi lare kêdangon anggènipun mêlèk, punika lajêng aras-arasên tangi ing wanci enjing, raos-raos kados nagih anggènipun motangakên êlèk. Dados lajêng botên sagêd anglampahi piwulang bab: 50, jalaran kêrinan. Mênggah prayoginipun lare tilêm punika kintên-kintên jam sanga lungse-lungsenipun satêngah sadasa.

--- 35 ---

52. Aja sok andongèng kang dawa-dawa, mundhak gêlis wêngi.

Lare-lare punika rêmên sangêt mirêngakên dêdongengan, punika mênggah saking pamanggih kula, mila inggih prayogi sangêt. Awit lajêng sumêrêp tatuladan lampah-lampah ingkang awon utawi ingkang sae, punika prasasat angasah kalantipaning manah. Mila langkung prayogi salêbêtipun andongèng, katêrangna lêlampahan ingkang awon utawi ingkang sae ing dêdongengan wau.

Dene parlunipun kacêgahan dongèng ingkang panjang-panjang, manawi ingkang andongèng utawi ingkang mirêngakên sami sakecanên utawi kêrêmênên, punika lajêng kêsupèn dhatêng lungsening wanci, wêkasan karipan, aras-arasên tangi ing wanci enjing (bangun). Upami dongèngipun kapêdhot, badhe kasambêt ing sontênipun malih, lare-lare ingkang mirêngakên sami gêla manahipun, ambokmanawi ingkang andongèng inggih tumut gêla. Sarêng sampun dumugining sontên malih, lare-lare wau sampun kêsêsa

--- 36 ---

angajêng-ajêng sambêtipun. Dèrèng wancinipun andongèng, sampun wiwit. Punika sagêd anjalari kathah-kathah ingkang kirang prayogi. Makatên malih, andongèng ngantos panjang punika lare-lare sagêd kêsupèn lampah-lampahanipun dongèng, dados botên tumanjêm dhatêng manahipun lare.

Mila lare ingkang rêmên dhatêng têtingalan, kadosta: ringgit Saya tumrapipun lare sakolah, lajêng badhe anglirwakakên dhatêng padamêlanipun, ngantuk wacucal, tayub lan sapanunggilanipun ing wanci dalu, punika kirang prayogi sangêt, awit lajêng karipan. wontên ing sakolahan, yèn kêsangêtên karipanipun, lajêng milalu botên lumêbêt rewa-rewa pamit sakit.

53. Aja sok turu ing wayah asar utawa surup, mundhak owah adate.

Limrahipun ingkang dipun wastani: owah adate, punika tiyang edan, ananging piwulang wau botên makatên, inggih punika ewah adat cara-caranipun tiyang tilêm, [tilê...]

--- 37 ---

[...m,] manawi tilêm ing wanci asar utawi sêrap, punika lajêng tangi ing wanci dalu, jalaran kêdangon lan kêpanjangan wanci ingkang kangge tilêm. Punika raosipun dhatêng badan botên sakeca sangêt, sarta lajêng nuwuhakên sêsakit warni-warni. Kajawi saking punika lajêng ambibrahakên tatacara, kadosta: nêdha, tilêm, padamêlan lan sanès-sanèsipun.

54. Aja sok ngingu kuku nganti dawa, mundhak diênggoni setan.

Kuku punika wangunipun gèpèng alandhêp, yèn kanggo kukur-kukur sagêd angrisakakên kulit, saya yèn anggènipun kukur-kukur wau sawêk pinuju tilêm, saèstu lajêng kêsupèn dhatêng raos sakit, namung sakecanên raos gatêl kinukur, wêkasan babak nanging botên kraos. Sumêrêp-sumêrêp mênawi babak, sarêng ing wanci siyang, punika lajêng ngungun agêtun. Punapa malih ingkang sawêk nandang gudhigên, punika kirang prayogi sangêt, awit sarêng kangge ngukur, gudhigipun sami nglinyam, kruma kathah ingkang [ing...]

--- 38 ---

[...kang] katut wontên ing kuku, gudhigipun enggal anular. Mila gudhigên punika èpèk-èpèkipun sami andados, jalaran makatên wau. Makatên malih kuku ngantos panjang punika mracihnani yèn piyambakipun lare kêsèd sarta katingal anggigoni.

55. Aja ambuwang kuku ing saênggon-ênggon, besuk ana kanane mundhak ngrêribêdi lakumu nyang suwarga.

Kuku punika paprincènipun jasading manungsa, dados manawi kêthokan kuku punika katingal ambêladêr, saèstu anggigoni. Tunggilipun thethelan kapal, rambut, ikut, rah lan sapanunggilanipun. Mênggah prayoginipun sami kapêtaka.

56. Aja sok sila tumpang, besuk mundhak dadi dhalang.

Dhalang sila tumpang punika wontên parlunipun, jêmpoling suku kangge anyêpêngi cêmpala, utawi ngêprak. Mênggah sila tumpang tumrapipun dhatêng lare, punika botên [bo...]

--- 39 ---

[...tên] kok ngalamat badhe dados dhalang makatên, amung kêtingal saru lan kumaki, dados kalêbêt dhatêng dêksura.

57. Aja andhodhok suwe-suwe, besuk mundhak dobol sagèntèr.

Andhodhok dangu-dangu punika sajatosipun ngrisakakên dhatêng daya kêncênging pajalêran. Dados manawi taksih alit sampun wiwit suda kakiyatanipun, benjing manawi sampun agêng saèstu kêrêp kêcuwan pikajêngipun. Yèn ngantos kêsangêtên kiranging daya, sisip sêmbiripun lajêng katilar dening wanita. Malah pêpacuhipun Sêrat Susilasanggama, tiyang jalêr andhodhok punika sampun ngantos langkah saking gangsal wêlas mênut.

58. Aja sok dhêmên ngidoni, bêsuk mundhak suwing.

Idu punika mambêt anjêjêmbêri, dados manawi ngantos tumèmpèl ing kulit, saèstu ngênêk-ênêki.

59. Aja ngidu saênggon-ênggon, mundhak anjêjêmbêri.

--- 40 ---

Punika sampun jarwa. Dados kajêngipun, sênajan idu kêdah ingkang prênah.

60. Aja sok pacok-pacokan, mundhak sugih satru.

Lare sêtri utawi jalêra, punika yèn ngantos dipun pacokakên, manahipun sêrik sangêt. Saking sêrikipun dhatêng dipun pacokakên, raos-raos botên badhe nglampahi imah-imah sajêgipun gêsang. Mila sok ugi pacok-pacokan inggih nuwuhakên para pabên lajêng sami sêsatron. Yèn wiwit alit sampun kulina pabên, agêngipun inggih rêmên pabên lan prakawisan.

61. Yèn lagi mangan kok ngêntut, iku kudu wisuh tangan manèh. Awit manawa ora mangkono, durakane gêdhe bangêt lan matèni pangan.

Êntut punika ambêt botên êca, malah asring dipun angge parikan makatên: kêmbang tai, punika dumèh

--- 41 ---

ambêtipun mèmpêr utawi asalipun saking padharan. Mila manawi sawêg nêngah-nêngahi nêdha, lajêng mambêt êntut, saèstu manahipun kèngêtan ingkang botên-botên, wêkasan ênêk. Malah ingkang botên tahan, lajêng ngalih panggenan utawi sampun anggènipun nêdha. Manawi ingkang ngêntut wau lajêng wisuh dados kêtitik anggènipun ngêntut. Môngka ngêntut wontên ing pakean utawi pasamuwan punika ngisin-isini, dados kajêngipun sampun ngantos malih-malih ngêntut ing salêbêtipun nêdha. Nanging kawuningana, êntut punika manawi dipun ampêt, sagêd anjalari sakiting padharan.

62. Aja sok dhêmên saba tôngga, besuk mundhak dadi kere.

Lare punika dhatêng dugi prayogi taksih kirang sangêt, dados dhatêng samukawis: yèn punika barang saru utawi prayogi, inggih kathah kacingkranganipun. Lare punika dhatêng tatêdhan sacokotan nêngênakên sangêt. [sangê...]

--- 42 ---

[...t.] Dados upami wontên ing tôngga lajêng dipun tawèni tatêdhan, inggih kumêdah nampèni. Dangu-dangu manawi manuh andadosakên kirang prayogi, awit badhe dados lare anggranyah. Kajawi saking makatên, benjing sampun sêpuh inggih rêmên saba tôngga, punika tumrapipun dhatêng lare èstri saya kirang prayogi sangêt, awit lajêng rêmên kakêmpalan, anglirwakakên padamêlanipun, ngêngraosi awon saening tiyang. Sisip sêmbiripun ngraos sêsimah.

63. Aja sok lungguh lumpang, mundhak dijêrumi uwong.

Dipun jêrumi punika kajêngipun dipun awon-awon kalakuwan utawi warninipun. Inggih sanajan botên cocog kalihan kawontênanipun, nama dipun jêrumi. Supados anggènipun imah-imah sagêda wurung. Ananging kajênging piwulang botên makatên, sarèhning lumpang punika barang pirantos kangge angêjur tatdhan, dados kirang prayogi manawi kaungkulan wêwadosipun.

--- 43 ---

64. Aja sok andêmèk Korokan ora wulu, mundhak gudhigên.

Bab andêmèk Korokan kêdah wulu rumiyin, punika pangaturanipun agami Eslam. Sarèhning Sêrat Gugontuhon punika namung anggrayang ing jawi, dados botên pisan-pisan badhe ngoncèki bab pangaturanipun agami.

Korokan punika ing atasipun tiyang agami Eslam, dipun pundhi-pundhi sarta dipun ajèni sangêt jalaran panutanipun, sampun ngantos kacêpêng tiyang utawi lare ingkang rêgêd punapa malih ingkang anggantung junub. Dados sênajan lare inggih kêdah ingkang rêsik sarana toya wulu rumiyin, supados agêng piyandêlipun, anggèning ngaji-aji lan mêmundhi dhatêng panutanipun. Ingkang makatên wau saking agêng piyandêlipun Gusti Allah inggih botên kasamaran.

65. Aja sok mangan iwak têlampik, mundhak ditampik jaka utawi prawan.

--- 44 ---

Satunggal punika kula ragi kacipuhan. Namung saking lorehanipun para sêpuh makatên: ing riku wontên têmbung: têlampik, punika kêcapipun mèh sami kalihan têmbung: tampik. Punapa angsal sêsêlan -el-? babon utawi pêksi anladhung punika ngangge suwiwi, inggih tlampikipun. Mênggah suraosipun anladhung mèh kadosdene: nêndhang utawi nulak, raosipun sami kalihan: tampik = tulak = nulak = mangsulakên.

Môngka saking bêtuwahipun para sêpuh, têmbung sakêcap, lampah satindak ing sadintên-dintên, punika dados puji. Puji punika yèn têrus ing manah kalihan têmên-têmên, Gusti Allah inggih angadili. Punika cocog kalihan puji dhikir utawi guna dhêsthi sasaminipun, dados manawi nitik saking punika, piwulang wau sampun jarwa. Ananging kula namung nyumanggakakên para sagêd.

66. Aja sok mangan brutu, mundhak akale kêtêmu buri. Luwih bêcik mangana êndhas utawa cakar bae. Karêbèn bisa cucuk-cucuk utawa cacèkèr.

--- 45 ---

Cucuk-cucuk utawa cacèkèr, punika kajêngipun pados sandhang têdha. Piwulang punika punapa tunggilipun bab: 65, nyumanggakakên.

Nanging saking pamanggih kula, ulam brutu punika eca piyambak, awit anggajih punapa malih balungipun alit sangêt. Mmôngka ulam sirah utawi cakar punika dagingipun botên wontên babar pisan. Kajawi ulam sirah namung kalap kulit, mripat utêkipun. Lêrês utêk punika mila miraos, nanging kêdah mawi mêcah balung thothoking sirah, punika tumrapipun tiyang sêpuh saru tiningalan.

67. Aja mangan iwak ati, mundhak sêbêl ing samubarang.

Yèn nitik saking namanipun, ulam ati punika bangsanipun: jêroan, inggih cocog kalihan ingkang kasêbut bab 65.

Ananging saking pamanggih kula botên makatên, ingkang nama jêroan punika botên ngêmungakên ulam ati kemawon, [ke...]

--- 46 ---

[...mawon,] punapa sababipun botên dipun awisi nêdha: usus, rêmpêla, jantung lan sapanunggilanipun. Môngka ulam ati punika eca dening tanpa balung êri. Yèn nitik saking punika, inggih namung kangge ngapus krama, tunggilipun bab: 66.

68. Sore-sore aja udan-udan, mundhak ngêlu utawi mêngko bêngi mundhak ngompol.

Lare punika yèn sampun purun jêjawah kêrêmênên, plajêngan, gulungan utawi dolanan sanèsipun, ngantos supe anggèning parlunipun adus, lajêng dangu botên purun mêntas. Sarêng sampun mêntas sawêk karaos kêkêsipun. Sarèhning soroting srêngenge sampun botên wontên, dados asrêpipun saya kawêwahan asrêping dalu, ingkang makatên wau anjalari sêsakit ngêlu utawi ngompol. Cocog kalihan bab: 46 lan 47, dados piwulang wau sampun jarwa.

69. Aja sok turu bantal layang, mundhak kêthul atine.

--- 47 ---

Sêrat kangge bantal tilêm punika namung ngalamat enggal risak, punapa malih manawi ingkang tilêm wau ngilêr, cêpak pandalèwèripun dhatêng sêrat, wêkasan ambalêntong. Nanging ingkang makatên wau tumrapipun dhatêng lare andugal sarta botên rêmên dhatêng kasagêdan, pabênipun sampun kêlajêng, tosipun damêl gambar pulo. Punika têtêp lare kêpaung.

70. Aja lungguh lèmèk tepas, yèn ana pasar mundhak ditarka ngutil.

Tepas dipun linggihi punika ingkang katingal namung garanipun. Ingkang inggih nyêpaki kêsupènipun, manawi piyambakipun linggih lèmèk tepas. Sarêng tepasipun badhe kangge, ubêg dados padosan. Dene manawi ingkang nglinggihi punika èstri têka saru têmên katingalan, awit: garan wau kaupamèkakên pantapurusa, dados wangunipun kadosdene rinabasèng ing priya.

71. Aja nabuhi dandang, mundhak digabro utang.

--- 48 ---

Dandang punika manawi dipun angge tabuhan, suwantênipun sora, dados ambrêbêgi kuping, punapa malih enggal risak.

72. Yèn ora bisa gawe kupat, besuk ana kanane rak nyôngga konthol bima.

Kupat punika sanajan sapele ing damêl, ananging asring kangge parlu, kadosta: kangge milujêngi tiyang wawrat kawan wulan, riayan, sangu kêkesahan, kasade lan sapanunggilanipun. Dados kajêngipun piwulang wau namung supados sagêd dêdamêl. Sampun ngantos manawi riayan utawi sanèsipun, nyenyambat dhatêng tôngga têpalih, awit punika padamêlan ingkang sapele.

73. Yèn saur ora mèlu pasa, besuk rak dadi ulêr jêdhung.

Ulêr jêdhung punika sami-sami ulêr, agêng, lêma, prasasat tanpa wulu ingkang misa, yèn lentha-lentho tanpa daya, warninipun ijêm, larasipun namung kêtuwukên ajêgan, [ajêga...]

--- 49 ---

[...n,] dados manawi lare dalu tumut saur, môngka enjingipun botên purun tumut siyam, punika dipun upamèkakên kadosdene ulêr jêdhung, namung tansah anêngênakên dhatêng têdha.

74. Aja sok kudhung tapih, mundhak ora ilok.

Tapih punika yèn dipun angge kudhung, têmtu nyalik utawi nancut, wêkasanipun pupunipun katingal, dados saru tiningalan. Inggih punika lare èstri ingkang jodhèh. Kajawi saking punika, rèhning tapih punika namung kangge nutupi wêwados murat, môngka lajêng kangge nutupi sirah, têmah nyudakakên pangaji-ajinipun dhatêng sirah.

75. Aja andhêpani lawang, mundhak rêjêkine padha bali.

Punika sami kadosdene bab ingkang kasêbut bab: 21.

76. Aja gandhulan lawang, mundhak ora ilok.

Ingkang dipun gandhuli punika dêling alit kangge planthangan lereganipun [le...]

--- 50 ---

[...reganipun] lawang, dados kuwatos manawi putung. Kajawi saking punika, sami kadosdene ingkang kasêbut bab: 21.

77. Aja nglêmbur dina Jumuwah, mundhak barange gêlis rusak utawi kobong.

Adat tata caranipun tiyang Jawi, ing dintên Jumuwah punika kaanggêp dintên ingkang sae kangge mamuji utawi ngabêkti dhatêng Gusti Allah. Dados tinimbang nglêmbur padamêlan langkung prayogi mamuji utawi ngabêkti dhatêng Gusti Allah.

78. Aja sok nyêblèk bokonge wong wadon, mundhak ingkang dipun cêblèk cêmplang olah-olahane.

Bokonging tiyang èstri punika sampun kalêbêt bangsaning wêwados, dene mandul kadosdene payudaranipun. Mila yèn dipun cêblèk inggih rikuh sarta kagèt manahipun. Kagèting manah punika yèn kêkêrêpên, sagêd anjalari dados sêsakit ingkang mutawatosi.

79. Aja nyambungi wong tuwa gagunêman, iku aran kêtuwan punton.

--- 51 ---

Ingkang dipun sêbut wong tuwa gagunêman punika ngrêmbag satunggiling prakawis ingkang parlu sami tiyang sêpuh, upami dipun sambêti ginêming lare, satêmah angisruhi. Mênggah lare wau kirang pantês manawi nyambêti ginêmipun tiyang sêpuh, sênajan sumêrêpa lan lêrêsa kados punapa, punika kirang prayogi, mila lajêng dipun paribasakakên: kêtuwan punton, mèh sami kalihan kumaki.

Têmbung: puntu, punika punapa pamêndhêtipun saking paluntuning adamêl gêbêg. Awit damêl gêbêg punika manawi anggènipun malintir kêkêncêngên, dipun wastani: olèhe mluntu kêtuwan.

Punapa saking puntu = punton = papunton = judhêg, dados: kêtuwan punton = judhêge kêbangêtên, wusana kula nyumanggakakên dhatêng para sagêd.

80. Aja kudhung kukusan, mundhak dipangan baya.

Barang-barang pirantosipun ocal-ocal, punika dipun anggêp asor. Môngka lajêng kangge ngudhungi sirah, [si...]

--- 52 ---

[...rah,] punika têmah nyudakakên pangaji-ajinipun dhatêng sirah. Saya yèn kukusan wau ingkang sampun nate kangge, punika sirahipun badhe kêrantaban upa.

81. Aja lungguh tampah, mundhak duwe lara ayan.

Tampah punika wadhah tatêdhan, dados manawi dipun linggihi, têmah kirang ngajèni dhatêng tatêdhan.

82. Ajo sok dhêmên ngêmpok, mundhak dobol mole-mole. Utawi sagèntèr.

Êntut punika ambêtipun botên eca, môngka mêdalipun saking dubur. Ngêmpok punika supados kaambêta êntutipun. Dados punika nama murang tata. Saya manawi kabêkêmakên utawi malêdhing, têtêp nama kirang ajar.

83. Aja kudhung tampah, mundhak ora ilok.

Punika kajêngipun piwulang sami kalihan bab: 80, dados têrangipun sadaya barang pirantosipun ocal-ocalan, [oca...]

--- 53 ---

[...l-ocalan,] manawi ngantos ngungkuli sirah, punika botên kenging.

84. Aja lungguh ôndha, mundhak kêwirangan.

Ôndha ingkang dipun linggihi, punika ingkang sumendhe. Dados upami anggènipun linggih kirang yitna dhatêng sumendhening ôndha kêkah punapa botên, saèstu sagêd dhawah. Apêsipun andhawahakên andhanipun. Dhawahipun ôndha ambok manawi andhawahi punapa-punapa. Dados upami ôndha wau kêkah utawi sumèlèh ing siti, inggih wilujêng.

85. Aja ajang tampah utawa tebok, mundhak kêmlakêrên.

Tampah utawi tebok punika dede ajang, dene manawi kangge ajang kagêngên, sêmunipun murka. Sêkul ingkang dipun têdha upami langkung saking tadhahipun lare satunggal, yèn kaêlèr wontên ing riku, katingal sakêdhik, ingkang makatên wau murugakên ngôngsa-ôngsa, ing

--- 54 ---

sadèrèngipun nêdha, kados-kados dipun sukanana imbêt.

86. Aja ambadhedhah ana ngarêp luwêng bênêr, mundhak mêdèni gêni, utawi gênine pijêr mati wae.

Ingkang dipun awisi wau manawi luwêng wau sawêk kangge ngratêngi utawi wontên latunipun amarong. Dados mênawi linggih wontên ngajêng luwêng, punika rainipun sapangandhap, katampêk bêntèring latu, punika badhe anjalari sêsakit.

87. Aja sok nampani nganggo tangan kiwa, mundhak ngedhe.

Ingkang dipun wastani ngedhe, punika tangan kiwa ingkang sajêgipun gêsang nyanyêpêng utawi sanèsipun, langkung trampil tinimbang ingkang têngên. Dados ngedhe punika awonipun tiyang nyalênèh. Kajawi saking punika adat caranipun bôngsa Jawi, tangan kiwa punika kaanggêp langkung asor tinimbang kalihan ingkang têngên. Awit parigêlipun namung kangge

--- 55 ---

nguwil, utawi tatulung ingkang têngên. Dados nampèni nganggê tangan kiwa, punika ewanipun murang tata.

88. Yèn angop kudu ditutupi cangkême, mundhak dilêboni setan.

Angob punika cangkêmipun mênga wiyar, lambe nancut ngatingalakên untu, dados manawi botên dipun tutupi, mênga malongo kados guwa. Sarêng katingal untunipun, mèmpêr sêgawon angisis siyung. Kajawi saking punika, panyêrotipun ambêkan rosa sangêt, dados upami sangajêngipun wontên kewan bangsanipun muring, saèstu blêng katut lumêbêt ing cangkêm.

89. Aja dolanan bêras, mundhak kithing.

Uwos punika awujud alit-alit, dados manawi kangge dolanan gampil akocar-kacir. Ingkang makatên wau lajêng manuh kirang gêmilan kirang pangaji-ajinipun, botên sumêrêp manawi tiyang sêpuh anggènipun ngupados, dipun rencangi babêrah susah lan kangelan.

--- 56 ---

90. Aja dolanan cangkok êndhog, mundhak katimumulên.

Cangkoking tigan punika tipis sarta gêtas. Rêmukaning cangkok sami wujud pating caringih alincip. Punika manawi kangge dolanan, gampil tumancêpipun dhatêng sangandhaping bathokipun kuku. Mênggah ingkang dipun wastani sakit katimumulên, dariji ing sangandhaping bathokipun kuku katêdha ing ulêr ngantos abuh.

91. Aja turu kêmulan kalasa, mundhak diparani setan.

Tilêm kêmul gêlaran punika mèmpêr bangke ingkang botên krumatan, dados anggagilani tiyang sanès.

92. Aja sok mlêdhingi, mundhak disapu malaekat.

Mlêdhingi punika ngisin-isin utawi ngiwi-iwi mawi bokong. Môngka sawêk ngiwi-iwi mawi tangan kemawon sampun nyêrikakên manah, dados sarêng mawi bokong punika têtêp kirang ajar.

--- 57 ---

93. Yèn dikandhani wong tuwa aja sok ngêmprêti, mundhak ditapuk malaekat.

Ngêmprêti punika kasasmitan ing têmbung maibên, ingkang kajêngipun sangêt. Sawêk maibên dhatêng piwulangipun tiyang sêpuh kemawon sampun kirang prayogi sangêt, wêwah-wêwah mangsuli ngêmprêt, wangunipun aras-arasên ambikak cangkêmipun ngêdalakên têmbung: wis ora. Dados punika nama kirang ajar, awit canthula dhatêng tiyang sêpuh.

94. Macar kuku iku aja kabèh, mundhak dicokot ula.

Wêwarnèn punika manawi sami kirang ramê utawi samua. Caranipun sêsunggingan kêdah amôncawarni supados katingal asri. Dados kuku punika manawi dipun pacar sadaya, namung katingal abrit ambranang, mila kêdah panuding utawi panungggul botên. Supados ingkang pêthak utawi ingkang abrit katingal pilah-pilah angrêsêpakên. [angrêsêpa...]

--- 58 ---

[...kên.] Mila milih panunggul utawi panuding sageda ngalela, awit punika manggèn ing têngah.

95. Aja sok petan jarit utawa kathok, mundhak nyêbêli wong golèk dhuwit.

Petan sinjang utawi kathok, punika mracihnani manawi kêsèd, dening tumanipun kathah ngantos ura rumambat dhatêng sandhangan, utawi nrajang sasêrit ing wanci dalu, kados bab: 20, dados kirang rumatipun dhatêng sirah.

96. Aja sok mêmangan karo ngilo, mundhak diewani uwong.

Nêdha tatêdhan kalihan ngilo, punika tôndha têmên botên ngrêmbag dhatêng tatêdhanipun, namung awrat anggènipun ngilo, nyawang dhatêng warninipun. Punika yèn agêng kêpatuh makatên, saèstu lajêng dipun wastani: kumayu utawi gumagus, ingkang angewak-ewakakên.

97. Ngantuk saênggon-ênggon iku rak diiyun setan.

--- 59 ---

Yèn pancèn sampun wancinipun tilêm, prayogi lajêng kapurih mapan. Dene yèn sanès wancinipun lare tilêm, kaudia sampun ngantos ngantuk sawanci-wanci wontên sadhengah panggenan, kadospundi rekadaya sagedipun ngicali prakawis wau. Awit manawi ngantos agêng sêpuh gadhah lalai makatên, punika saru sangêt. Kawuningana: larasipun tiyang ngantuk punika sadaya botên wontên ingkang sae.

Nanging wontên sawênèhipun tiyang mastani makatên: ngantuk dipetani sing wedok tur isih pangantèn anyar, iku apik, awit ngrêsêpake ing liyan. Ingkang punika nyumanggakakên.

98. Aja sok turu manut cocor, manut ujuripun cocor, mundhak kêtindhihên.

Ujuripun cocor punika dhatêng pojok, dados manawi tilêmipun manut cocor, keblatipun dados malang-megung, wekasan angêbak-êbaki papan, sami kalihan [ka...]

--- 60 ---

[...lihan] ingkang kasêbut bab: 5, andadosna kawuningan: tilêm kêkadhar punika inggih sagêd kêtindhihên.

99. Aja ngêmut kêcik, mêngko nèk kolu mundhak thukul ana ngêmbun-êmbunan.

Punika sami kalihan ingkang kasêbut bab: 16.

100. Aja sok angganyang krambi, mundhak krêminên.

Punika sampun jarwa. Utawi manawi klapa wau badhe kangge bumbu, dados badhe nyudakakên raos gurihipun ingkang badhe dipun bumboni.

101. Yèn nutu aja kêrêp-kêrêp kothekan, besuk maratuwane mundhak rèwèl.

Manawi anggêntang kêrêp-kêrêp kothekan, punika saèstu nyudakakên padamêlan. Tinimbang dhawahipun alunamung kangge kothekan, aluwung kadhawahna ing pantun, arak angsal padamêlan. Kajawi ingkang makatên, kothekan punika ambrêbêgi kuping, manawi kêsangêtên kamirêngakên [kamirêng...]

--- 61 ---

[...akên] dhatêng tôngga tapalihipun ingkang mlarat botên gadhah pantun, sisip sêmbiripun anukulakên panalôngsa.

102. Aja sok ngêmut driji, ora ilok.

Driji dipun êmut punika akakoloh idu, môngka idu punika jêmbêr.

103. Aja sok ngungkabi kêkêb, kêkêb ingkang sawêk kangge bêthak, sêgane mundhak ora matêng.

Punika piwulang dhatêng lare jalêr, ambokmanawi mirit cariyosipun Jaka Tarub. Mênggah kajêngipun piwulang wau: lare jalê purun angungkabi kêkêb, punika larasipun sêlak luwe, ngantos purun nuwèni sêkul ingkang sawêk dipun bêthak. Ingkang makatên wau kirang prayogi sangêt sarta saru dipun tingali, awit punika dede padamêlanipun.

104. Aja nganggo klambi utawa kathok diwalik, lêlakone mundhak kuwalik-walik.

--- 62 ---

Rasukan utawi kathok dipun angge walikan, punika dondomanipun katingal, dados awon sangêt katingalan.

105. Aja sok andodomi tapih utawa bêbêd diiras, mundhak ora ilok.

Sinjang ingkang sawêk dipun angge suwèk lajêng dipun dondomi ngiras, punika mila kirang prayogi, awit kajawi saking pakèwêd akidhung, ambok manawi domipun nocog kulit.

106. Aja sok dhêmên sapata, mundhak ora ilok.

Sapata punika kangge nelakakên saking katêmênanipun, supados lajêng enggal dipun andêl, awakipun sagêd isis. Ingkang makatên wau dangu-dangu lajêng kangge glênyehan awit saking rêmên. Sarêng kêpèpèt goroh, badhe ngakên isin, lajêng dipun têbas sapata. Ananging wusananipun jêbul kawiyak manawi sêpatanipun wau kangge nutupi gorohipun. Dados ing têmbe

--- 63 ---

wingking sênajan têmên kanthi dipun bandhani sapata, inggih lajêng botên dipun andêl. Môngka sapata punika puji ingkang awon, dados yèn makatên awakipun dipun pujèkakên awon piyambak. Kajawi saking punika lare ingkang sampun manuh sêpata, punika mratandhani yèn rêmên goroh, sarta benjing yèn sampun agêng sêpuh, inggih rêmên dhatêng sumpah.

Mila langkung prayogi lare punikka kapardia sampun ngantos purun sapata utawi goroh, sagêda namung iya utawi: ora, dados wilujêng ingkang pinanggih.

107. Aja sok wani mênyang wong tuwa, mundhak duraka gêdhe. Punika sampun jarwa.

108. Sore-sore aja ngrujak pêdhês, mundhak mati pacangane.

Ngrujak wanci sontên punika kadugi jam gangsal. Raosing hawa wanci jam gangsal punika sampun wiwit asrêp, môngka lombok punika dayanipun asrêp, tumbuk [tumbu...]

--- 64 ---

[...k] asrêp ingkang makatên wau enggal andadosakên mulêsing padharan, utawi sêsakit sanèsipun.

Mila tiyang wawrat ingkang sampun sêpuh, punika kêdah jêjampi ingkang angêt-angêt, supados lairipun jabang bayi botên andharodhog asrêp. Awit nalika wawrat ênèm, kêkathahên nêdha lombok idham-idhaman.

109. Aja sok anjajupuk ora nêmbung, mundhak manuh ... Jêblusipun. Manuh climut.

Ingkang dipun pêndhêt punika baranging tiyang sêpuhipun piyambak ingkang botên misra, kadosta: yatra saksèn, gêndhis sacuwil, pèn satunggal lan sapanunggilanipun. Ananging yèn ngantos manuh, benjing agêng sêpuhipun inggih purun mamêndhêt barang ingkang agêng. Yèn kêpèpèt purun mêndhêt barangipun tiyang sanès. Dados piwulang wau satêngah sampun jarwa.

110. Aja sok ngising jèjèr, besuk ana kanane mundhak dhèmpèt.

--- 65 ---

Solahtingkahipun tatoya, punika manawi dipun laras têka namung saru kemawon. Môngka jèjèr, bawaning lare lajêng sêmadosan: nguyuh sami nguyuh, ngêdên sami ngêdên, mrêngut sarêng. Rèpèh-rèpèhipun pandhing-pandhingan ... inggih namung saru tiningalan kemawon.

111. Aja sok sarapan sêga wadhang, mundhak pêtêng atine.

Sêkul wadhang punika dayanipun asrêp sangêt, môngka padharanipun ing waktu wau taksih asrêp, jalaran kenging hawa asrêping dalu. Têmpuking daya asrêp andadosakên randhatipun lampahing êrah. Dados manahipun inggih kirang tangi, namung tansah aras-arasên kemawon. Makatên malih asring andadosakên sakit kasrêpên utawi mriyang, awit: lajêng kenging daya panggêbaging bêntèripun surya, saya siyang saya bêntèr. Ananging sarèhning ing nglêbêt sagêd asrêpipun, dados inggih dangu sagêdipun bêntèr. Wusana ing jawi bêntèr, ing nglêbêt asrêp. [a...]

--- 66 ---

[...srêp.] Dados dayanipun botên sami jongipun, andadosakên mriyang. Utawi ingkang pancèn gujih sarta ingkang sampun gadhah dhasar sêsakit, lajêng kados dipun sêngkakakên. Mila tiyang sakit kasrêpên punika kêdah cêgah: sêkul wadhang, kêtan, lombok lan sapanunggilanipun, ingkang sami gadhah daya asrêp.

112. Nèk golèk gêni aja akèh-akèh, besuk bojone mundhak akèh tadhahe.

Pados latu ngantos kathah, punika adamêl kapitunanipun ingkang gadhah. Punapa malih wantuning lare punika kirang sangêt pangatos-atosipun. Dados manawi pambêktanipun kêkathahên, ambok manawi kècèr wontên ing margi, saèstu adamêl mutawatos.

113. Nèk golèk gêni aja tumpêr, besuk mundhak olèh dhudha. Utawi: rôndha.

Pados latu angsal tumpêr punika inggih adamêl kapitunanipun ingkang gadhah, jalaran taksih kanthi kajêng.

--- 67 ---

114. Bocah wedok aja sok mènèk pêlêm, besuk pêlême mundhak padha mlêthèk. Botên namung mènèk wit pêlêm kemawon, sênajan wit sanèsipun inggih dipun awisi.

Lare èstri punika kêkiyatanipun kirang, pangatos-atosipun inggih makatên ugi, yèn ngantos manuh mamènèk saèstu mutawatosi. Makatên malih lajêng kirang rêmpit anggèning ngêkêr dhatêng wêwadosipun. Mila piwulang wau asring dipun tambahi têmbung: pêthethekan.

115. Nèk isih bocah dhêmên mangan intip, besuk tuwane rak sugih sandhangan.

Sarèhning intip punika atos lan alot, dados tiyang sêpuh wau kirang talatos amamah. Ananging manawi intip wau sampun mêdhok dening kaêkum duduh jangan lodhoh, tiyang asêpuh ingih doyan, jêr sampun êmpuk lan mindhak miraos. Makatên wau beda kalihan intip gorengan utawi krawon, jalaran sampun dipun [dipu...]

--- 68 ---

[...n] anggêp pacitan, malah larenipun namung dipun sukani tirahanipun.

116. Aja sok nglinggihi krambil, iku prasasat nglinggihi êndhase wong tuwa.

Sarèhipun kalapa punika badhe dados tatêdhan, yèn dipun linggihi punika nama suwiyah, inggih dipun wastani nyuwuk. Kajawi saking makatên, klapa dipun linggihi punika gampil onyanipun, awit saking awujud bundêr.

117. Aja sok nepang krambil, iku prasasat nepang êndhase wong tuwa.

Punika mèh sami kalihan bab: 116.

118. Nak madhang aja ngolah-ngalih panggonan, besuk mundhak kêrêp rabi utawi laki.

Punika prasasat sampun jarwa. Awit: tansah ngalih panggenan punika amracihnani manawi manahipun lènjèh. Dados manawi alitipun sampun sinau lènjèh, [lè...]

--- 69 ---

[...njèh,] agêngipun inggih manuh. Kajawi saking punika, nêdha tansah alihan panggenan, punika ewonipun murang tata, awit kêdah ingkang mapan lan jothok panggenanipun, dalasan linggihipun kemawon inggih kêdah ingkang tata, dados ngênggèni dhatêng tatakrama.

119. Nèk madhang aja sok salin ajang, besuk mundhak wayuh utawi tumrapipun dhatêng lare èstri: diwayuh.

Nêdha santun ajang punika yèn botên badhe angrêgêdi piring rêsik, inggih badhe melik piring ingkang wontên koredanipun.

Wayuh punika manawi kasêmbadan samukawisipun sarta rujuk rukun, mila inggih sae. Ananging manawi kosokwangsul, sabên dintên tansah gagêmprongan, punika mila botên sae, awit namung tansah andhêdhêr prihatos kalihan nyêdhihakên dhatêng tôngga têpalihipun.

120. Irus kuwi nèk mêntas dianggo ngudhêg jangan, ngêbur, aja [a...]

--- 70 ---

[...ja] sok ditumpangake ing kuwaline, mundhak jangane ora enak.

Punika sampun jarwa. Mênggah ingkang dados sababipun botên êca, irus wau sarêng katumpangakên kuwangsulipun, lajêng kêpêgan dados sangit, sasampunipun sangit lajêng kanggo ngudhêg, ngêbur jangan malih, saèstu nyudakakên miraosipun jangan ingkang kaocal, awit kenging sangitipun irus wau.

121. Munthu iku yèn mêntas digawe ngulêk bumbu aja banjur diobok-obokake ing jangane, besuk mundhak kêpatèn anak kang wis gêdhe.

Munthu punika ingkang dipun cêpêngi kaprênah ing tênggokipun. Ambokmanawi tanganipun rêgêd, dados anggènipun ocal-ocal wau kirang rêsikan.

122. Aja sok ngêndhas-êndhasi lèng gangsir, mundhak lènge jêro.

Upami wontên tiyang utawi lare ngêdhuk gangsir ngangge pirantos [pira...]

--- 71 ---

[...ntos] pacul, anggènipun andhudhuk majêng mangalèr, lajêng wontên lare ingkang wontên salèripun cakêt kalihan êlènging gangsir, inggih punika ingkang dipun wastani ngêndhas-êndhasi. Ingkang makatên wau namung kuwatos kêpacul utawi kêbawak.

123. Bocah sing lagi umur pitung sasi iku aja sok didolani kêmbang, mundhak ora ilok.

Lare ingkang sawêk umur samantên punika dèrèng sumêrêp ing dugi prayogi. Ambok manawi sêkar wau wontên sêmut utawi ulêripun, saèstu amutawatosi. Môngka sampun kathah kemawon irung risak jalaran saking ngambêt sêkar.

124. Bocah cilik aja sok disumpingi kêmbang, mundhak ora ilok.

Punika sami kalihan bab: 123.

125. Bocah cilik aja sok diwènèhi dolanan pangilon, besuk mundhak kêcêmplung sumur.

--- 72 ---

Ambokmanawi lare wau lajêng manuh ngilo, punika inggih lajêng rêmên dolanan pangilon. Yèn pangilon wau pêcah, saèstu mutawatosi, awit bêling punika landhêpipun anglangkungi lading.

Makatên malih: manawi lajêng anguk-anguk: sumur, balumbang, bêlikan sasaminipun, sumêrêp warninipun piyambak, ambok manawi kêsupèn yèn punika toya, lajêng dipun cêpêng kakintên pangilon, sagêd anjalari kêcêmplungipun, dados piwulang wau sampun jarwa.

126. Yèn petan durung mubêng diuwisi, mundhak kêtiban êpang.

Ingkang dipun wastani petan mubêng, punika waradin. Dados manawi botên mubêng, ingkang sasisih sampun dipun petani, ingkang sasisih dèrèng, dados sajatosipun botên tapis. Kajêngipun piwulang wau, sagêda anggènipun metani ingkang waradin, dados tumanipun sagêd kacandhak sadaya.

--- 73 ---

127. Bêngi-bêngi aja asah-asah bala pêcah, mundhak ora ilok.

Ingkang dipun wiyani: pêtêng, kirang pramanêm, punapa malih yèn sampun ngantuk, saèstu kuwatos manawi pêcah.

128. Bêngi-bêngi aja nyapu, mundhak kêmalingan êntek-êntekan.

Limrahipun tiyang Jawi, lare-lare asring sami tilêm ing jrambah utawi ingkang adhak-adhakan. Dados manawi nyapu ing wanci dalu, botên sumêrêp manawi kumêbuling lêbu sami wradin dhatêng saênggèn-ênggèn.

129. Aja sok nudingi nganggo tangan kiwa, mundhak ora ilok.

Punika sami kalihan bab: 87.

130. Yèn sambêle uwis êntèk, aja nyambêl manèh, mundhak ora ilok.

--- 74 ---

Punika têranganipun makatên: upami sawêk nêdha wusananipun lawuhipun sambêl têlas, lajêng badhe nyambêl malih, punika dipun awisi, jalaran manawi kêkathahên nêdha sambêl, kuwatos manawi mulês padharanipun.

131. Aja sok lalab nganggo lombok abang, mundhak ora duwe sêdulur.

Lombok wau lombok agêng; gunung, tropong lan sapanunggilanipun. Lombok abrit punika langkung pêdhês tinimbang ingkang ijêm, dados piwulang wau mèh sami kalihan bab: 130.

Nanging punapa sababipun lalab lombok rawit botên dipun awisi, môngka punika raosipun anggêtak sangêt.

132. Esuk-esuk aja petan, mundhak nyêbêli wong golèk dhuwit.

Ing wanci enjing punika mangsanipun tiyang nyambut damêl ingkang parlu-parlu. Sarèhipun petan punika padamêlan ingkang [ing...]

--- 75 ---

[...kang] sapele, dados sampun ngantos ngawon-awonakên ingkang parlu.

133. Surup-surup aja dolanan, iku lagi candhikala.

Têmbung candhikala, punika wontên ingkang anêrangakên manawi saking têmbung: sambekala. Wontên ingkang anêrangakên manawi saking têmbung: Sandhingala. Wontên malih saking: Candhik kalihan ala. Candhik têgêsipun = ngimpun = nglêmpakakên (sêdhah). Dados candhikala = nglêmpakakên awon. Katêrangan tiga pisan ing nginggil wau, têgêsipun mèh sairib: sami awon sadaya.

Wanci sêrap punika hawanipun dintên saya pêtêng, paningalipun mripat saya botên cêtha. Manawi anggènipun dolan wiwit siyang, môngka dumugi sêrap taksih nglajêngakên, punika saèstu mutawatosi. Awit saking kasêngsêming dolanan, ngantos botên ngrêmbag dhatêng pêtêng, wusana kenging dipun wastani ngawur. Kajawi saking punika, tiyang ingkang [ing...]

--- 76 ---

[...kang] sami agami Eslam, wanci wau sawêk sami nglampahi parlu ngabêkti dhatêng Gusti Allah, ramenipun lare dolanan sagêd angguguri. Malah lare-lare punika sagêda nulad parlu wau utawi sami ngaos. Makatên malih ambok manawi wanci wau kaanggêp ingkang sae tunggilipun bêdhug dalu kalihan bangun. Tandhanipun kula kêrêp mirêng utawi primbon-primbon, tiyang ingkang matak ngèlmu kêmat, guna pangasihan, putêr giling, tuju layaran lan sasaminipun, inggih ing wanci sêrap wau.

134. Aja lungguh lèmèk sapu, mundhak ora ilok.

Sapu punika pirantos kangge rarêsik latar jogan utawi sanèsipun, ingkang punika saèstu gupak rarêgêd trakadhang gupak têlèk, tlethong lan sapanunggilanipun. Dados manawi kangge lèmèk linggih, bokongipun lajêng kêtularan rêgêd.

135. Aja sok lungguh lèmèk godhong gêdhang, nèk lêlungan mundhak kêpesing.

--- 77 ---

Ron pisang punika asring kangge ambabuntêl utawi lèmèk tatêdhan. Dados manawi kangge lèmèk linggih, ambok manawi kalêrês ingkang mêntas kangge ambabuntêl têtêdhan wau, saèstu bokongipun lajêng rêgêd.

136. Aja anggawa godhong gêdhang sapapahe mênyang ngomah, mundhak ora ilok utawi dikinthil setan.

Papah pisang wau lajêng dipun kèkrèki ronipun, papahipun pating tlalang apanjang ngrêgêdi ngêbak-êbaki papan. Sarêng sampun dipun kèkrèki, papahipun lajêng dipun bucali dhatêng kêbon. Upami bakda dipun sènggèt wau, lajêng dipun kèkrèki pisan, pambucalipun papah botên uyang-uyung. Ananging punika kajawi ron pisang ingkang badhe kangge nutupi muradipun tiyang pêjah ingkang sawêk dipun sucèni.

137. Aja sok ngadhul-adhul kapuk, mundhak disêpatani widadari.

--- 78 ---

Punika sami kalihan bab: 32.

138. Aja anggawa tundhunan gêdhang mênyang ngomah, nèk ana sing lara, mundhak wong saomah lara kabèh.

Punika mèh sami kalihan bab: 136, kalihan malih, sarêng dipun cècèki tlutuhipun lajêng tètès saênggon-ênggon. Tandhanipun pisang tundhunan ingkang kangge tarup, botên wontên warilipun.

139. Aja sok nyènggèt cêngkir, nèk dipènèk mundhak sok nibakake.

Nyènggèt punika têmtu wontên sangandhapipun ingkang dipun sènggèt. Môngka cêngkir punika agêng lan antêp, dados kuwatos manawi kêdhawahan. Utawi kuwatos ambokmanawi manculatipun cêngkir saking gantilan, andhawahi punapa-punapa, jalaran dipun totol ing gèntèr.

140. Aja sok mecok krambil sajanjang, rijêkine nèk têka sênajan akèh, ora bisa lumintu.

--- 79 ---

Sarêng kalapa sajanjang dipun pecok sapisan, dhawahipun ing siti suwantênipun gumabrug sora, jalaran saking antêp lan kathah. Kagèting dhawahipun wontên ing siti, klapa-klapa wau sami kagèt uwal saking gantilanipun mancêlat têbih. Dados kuwatos ambokmanawi mancêlati punapa-punapa.

141. Bêngi-bêngi aja lunganan, mundhak ngalisake sanak sadulur.

Dalu punika pêtêng, sanajan mawia dilah ingkang padhang, ing atasipun nglisahi rambut botên sagêd pramanêm, jalaran rambut punika warni cêmêng, jumbuh kalihan pêtêng. Dados ambokmanawi kêklomohên, saèstu botên sumêrêp, wusananipun badhe anggupaki sandhangan utawi bantal.

142. Aja sok andilati barang-barang, mundhak kaya asu.

Punika sampun jarwa.

--- 80 ---

143. Nèk turu aja ucul sabukan, mundhak mêkar êpèhe.

Punika sampun jarwa. Ing jaman kêjawèn taksih sami amardi dhatêng bangkekan ingkang ambangkèk. Mila wontên côndra: bangkekane nawon kêmit. Tiyang bôngsa kina wontên kajêngipun malih, inggih punika upami ing dalu wau wontên damêl para damêl, sagêd enggal cancut.

144. Aja ngombe nganggo irus, mundhak ora ilok.

Irus punika pirantosipun tiyang ocal-ocal, kanggenipun namung dipun damêl anyidhuk utawi ngêbur tatêdhan ingkang sawêk dipun ocal. Dados namung saru tiningalan. Kajawi saking makatên, irus dipun angge pirantos ngombe, têmtunipun gupak idu ingkang têlês wontên ing lambe ngandhap. Manawi lajêng botên dipun kumbah, saèstu anjajêmbêri, sarta panyidhukipun têmtu wongsal-wangsul. [wongsal-wang...]

--- 81 ---

[...sul.] Dados angrêgêdi toya ing gênthong utawi sanèsipun.

145. Aja anggitik nganggo sada, mundhak gêring taun.

Sada punika kawangunanipun gilig mêrit, alit sarta panjang. Manawi kangge anggitik, raosipun sumêlèt pêdhês. Yèn panggitikipun kêkayang, gampil pasahipun, apêsipun tatu anggalêng.

146. Nèk kêlan aja asin-asin, mundhak diarani anjaluk laki.

Jangan punika manawi kasinên, raosipun pait. Dados kajêngipun piwulang wau, anggènipun nyarêmi kêdah ngatos-atos sampun ngantos kêladuk, aluwung kêpara kiranga sarêm gampil dipun wêwahi. Mila prayogi kêlan punika kêrêpa angicipi.

147. Bêdhug-bêdhug aja mamènèk, mundhak tiba.

Punika sampun jarwa. Ing wanci bêdhug punika surya sawêk [sawê...]

--- 82 ---

[...k] nêdhêng-nêdhêngipun sumêngit bêntèr, tumandukipun dhatêng badan anjalari ngrikatakên lampahipun êrah, dhatêng paningal ambalêrêngi, wêkasan panonipun pêtêng. Ingkang makatên wau tumrapipun mamènèk, sagêd anyudakakên pangatos-atos.

Sajatosipun botên namung ngawisi lare mamènèk kemawon, sênajan tiyang nyambut damêl utawil umampah, ing wanci wau kêdah sami kèndêl. Nanging jaman sapunika piwulang wau prasasat sampun sirna.

148. Aja ngrusuhi wong adang, mêngko nèk dandange rubuh mundhak dipangan Bathara Kala.

Sarèhipun punika pranatanipun agami Buda, kula badhe nisih saking prakawis wau. Mênggah panunggilanipun ingkang dipun têdha Bathara Kala: nugêlakên gandhik, anggêmpalakên pipisan, nugêlakên munthu, lare ontang-anting lan sapanunggilanipun. Yèn wontên ingkang manggih prakawis wau, kêdah karuwat mawi sarana: ringgitan wacucal, slawatan maulud, ingkang ngrisakakên barang wau wuda

--- 83 ---

jogedan lan sanèsipun. Malah ing jaman padhalangan, Bathara Kala punika dipun gambar danawa agêng. Wusana kula amborongakên dhatêng ingkang ahli budi.

Sapunika kula ngoncèki kang kasad mata kemawon. Manawi dandang ngantos rêbah, adamêl kapitunan agêng, jalaran sêkul wau badhe dipun têdha tiyang sagriya, punapa malih manawi uwosipun wau cumpèn, sapintên ta agênging kasusahanipun, Mila luwêngipun kêdah dipun santosani.

Tamat.