Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wadu Aji, Anonim, #1528

Katalog:Wadu Aji, Anonim, #1528
Sambung:-

[4 halaman kosong]

Sêrat Wadya AjiWadu Aji.

Mratelakakên ugah-ungguhingunggah-ungguhing. para abdi dalêm sadaya

[2 halaman kosong]

--- 395 ---

Punika Sêrat Wadu Aji, namanipun para wadya punggawaning ratu kala jaman kina kawardenan satunggal-tunggal. Kados ingkang sampun sasêbut wontên salêbêting Sêrat Raja Kapa-kapa, sami kapratelakakên sadaya.

Namaning Kalênggahan ... Têgêsipun

1. Patih: Parentah, inggih punika ingkang winênang amarentah para wadya sadaya, utawi ingkang kapasrahan pangawasa anampurnakakên parentah saulahing panata praja.

2. Adipati: Pangagênging parentah, inggih punika ingkang winênang

--- 396 ---

anampèni parentahing ratu, utawi ingkang kaserenan pangawasaning patih, amarentahakên patraping kalêrêsan.

3. Senapati: Amangku parentah, inggih punika ingkang winênang anggadhuh pangawasaning ratu, kapasrahan angrèh para prajurit. Amariksani ingêripun gêlaring prang, anganglang pringgabayaning paprangan.

--- 397 ---

4. Bupati: Bawahaning parentah, inggih punika ingkang winênang amarentah dhatêng bawahipun piyambak. Utawi kalêrês anampèni parentah saking pêpatih.

5. Adipati Kupu: Adipati mardika, inggih punika ingkang amadanani para pandhita para pradikan ing sapanunggilanipun. Winênang amarentahakên saulahing panata gama sadaya.

--- 398 ---

6. Tumênggung: Dhênggung, utawi têtindhih, inggih punika ingkang winênang amariksani samukawis lêlampahan ayahaning ratu, tuwin kawajiban ananggêl awon saening kancanipun.

7. Nayaka: Panunggul, utawi pangirid. Dening dados pangagênging bala, inggih punika ingkang winênang amatah padamêlaning bawah karerehanipun.

--- 399 ---

8. Wadana: Rai, utawi pangajêng, inggih punika ingkang winênang dados ulu-ulu patraping pandamêlan, saha ingkang wajib dados pangajênging lampah.

9. Punggawa: Pangayap, utawi pangawinan, utawi têgêsipun malih pangampil. Inggih punika ingkang kabêbahan dados têtindhihing ampilan upacara kapraboning ratu,

--- 400 ---

utawi angampil parentahing pêpatih.

10. Ariya: Luhur utawi padhang, inggih punika santananing ratu, ingkang winênang anunggil padamêlan kalihan para wadana, utawi para wadana ingkang taksih kalêbêt santana punika wênang sinêbut ariya.

11. Sinang Ngarya: Sinêbut luhur, inggih punika punggawa ingkang [ing...]

--- 401 ---

[...kang] winênang anunggil padamêlan kalihan para santana.

12. Panji: Têtunggul, inggih punika santana ingkang winênang dados pangagênging prajurit.

13. Prameya: Bôngsa linuwih, inggih punika bangsaning para agêng, ingkang winênang dados sêsulih anglampahi padamêlaning para punggawa.

14. Kaliwon: Kapiji, dening winênang anampèni parentah

--- 402 ---

saking bupati, utawi têgêsipun malih kalih ewon. Punika kabêkta saking lênggahipun kala ing kina siti dhusun karya kalih èwu.

15. Panèwu: Golongan, dening winênang anampèni parentah saking kaliwon kadhawahakên dhatêng golonganipun, utawi têgêsipun malih panewon.

--- 403 ---

Punika kabêkta saking lênggahipun kala ing kina siti dhusun karya sèwu.

16. Mantri: Linuwih, utawi sapocapan, dening kawênangakên imbalan wacana kalihan para agêng, sakalangkung waskitha kadadosaning lampah tigang prakawis. ingkang rumiyin, nistha, inggih punika sagêd anyinggahi patraping lampah ingkang dhawah nistha. Kaping kalih [ka...]

--- 404 ---

[...lih] madya, inggih punika sagêd anêtêpi patraping lampah ingkang dhawah madya. Kaping tiga utama, inggih punika sagêd angantêpi patraping lampah ingkang dhawah utami.

Taksih wardining Mantri: Manawi ing Sêrat Raja Kapa-kapa wêwijanganipun makatên. Man, luwih, tri, tiga, inggih punika linuwih ing tigang prakawis.

--- 405 ---

Ingkang rumiyin, satya, dening têmên-tumêmên ing pangawulanipun. Purun bela sakit pêjah, rumêksa ing sungkawaning gusti. Kaping kalih sadu, dening sagêd anyarèhakên adrênging manah garètèh ing wicara, ajrih angrumiyini karsa utawi amêdhar kêkêraning gusti. Kaping tiga tau, dening uninga ingkang dados sitpacipta. [si...]

--- 406 ---

[...tpa] sasmitaning gusti, botên kasangsaya sadaya daya ing karsa, lumuh manawi rumaos andarbèni pangawasa piyambak. Amung ngèsthi angantêpi kasagahan.

17. Aryapêpati: Wadana parentah, inggih punika ingkang kapitadosan anampèni dhawah anglampahakên parentah.

18. Aryatiron: Wadana panulad, inggih [ing...]

--- 407 ---

[...gih] punika ingkang kapitadosan amêmulang lampah utami, utawi ingkang kabêbahan amatrapakên sakathahing pandamêlan lêrês, saha ingkang winênang anjagèni pandamêling mêngsah.

19. Aryaleka: Wadana pananggalan, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya ahli etanging palak pananggalan ing sapanunggilanipun.

--- 408 ---

20. Aryajômba: Wadana pasucèn, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya pangulu toya, ingkang sami ulah rêrêsik salêbêting pura, utawi angrêsiki pasiramaning ratu.

21. Aryamanguri: Wadana pamudharan, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya jêksa, winênang angudhari karampungan ingkang dèrèng

--- 409 ---

lêpas, kawajibanipun amrayogi lampahing prakawis, saha amêmangkat patraping wisesa.

22. Aryaniti: Wadana sêtya, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya gêdhong, winênang anggêmèni kagunganing ratu, saha amariksani damêling para wadya among tani sadaya.

23. Aryakondha: Wadana dagang, inggih

--- 410 ---

punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya sudagar, kawajibanipun amariksani ingkang sami anglampahakên wêdaling gêgramèn saking nagari, utawi lêbêting gêgramèn saking ngamôncapraja.

24. Patyatandha: Amarentah tôndha, inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para

--- 411 ---

pabeyan bandar dharat sadaya, kawajibanipun anyêpêng pangawasaning pêkên ing sapanunggilanipun.

25. Pêcattôndha: Wêtahing têmbung pêcat ôndha, têgêsipun pamêcat andhaning baita, inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para pabeyan bandar laut sadaya, kawajibanipun anyêpêng pangawasaning

--- 412 ---

muara sagantên ing sapanunggilanipun.

26. Tôndhamantri: Mantri tôndha, inggih punika ingkang kapitadosan dados juru pamupu beyaning pêkên.

27. Ondhamoi: Pangkataning pangulah, inggih punika ingkang kabêbahan amêmangkat lampahing pandamêlan. Ingkang pancèn ulah pandamêlan anala utawi lêmbat, sami

--- 413 ---

pinatah piyambak-piyambak lampahanipun.

28. Daksa: Jêjênêng, inggih punika wadya jêksa ingkang kabêbahan angrampungi lêlêrêsaning prakawis.

29. Jambaleka: Padhang wulan, inggih punika ingkang kabêbahan dados juru amariksani samukawis, saha winênang amot amêngku wisesa, dhatêng prakawisipun tiyang ulah wisaya amêndhêt ulam toya.

...dua halaman kosong.

--- 414 ---

Sêrat papêthikan saking Kitab Tarikul Ngaripin

...satu halaman kosong.