Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wêwaton Panggawene Omah, Anonim, #1252

Katalog:Wêwaton Panggawene Omah, Anonim, #1252
Sambung:-

Wêwaton Panggawene Omah

--- 0 ---

Rêrigên lan wêwaton bab panggawene omah

Kajaba wêwaton kang kudu ditêtêpi bab angênggoni omah utawa nganggo palêmahan, sarta kajaba layang-layang dhêdhawuhan bab angadêgake lan ambubrah omah kang isih tumindak, iku minôngka ihtiyare angadohake lêlara pès, manawa gawe omah anyar utawa muwuhi lan ngowahi dhapuring omah kang wus dadi, kudu miturut rêrigên lan wêwatone kang padha nindakake pagawean bab panulaking lêlara pès, kaya kang katamtokake kamot ing bab 1, adêg-adêg kapindho ing layang undhangundhang-undhang. kapranatan katitimangsan ping 6 Juli 1914 (kapacak ing sêrat Sêblad ôngka 486).

(Katamtokake kamot ing layang kêkancingane panggêdhe kang nindakake pagawean bab panjagane lêlara pès, katitimangsan ping 13 Agustus 1915 ôngka 1949 sarta kaping 13 Oktobêr 1915 ôngka 2870).

Kaêcap ing pangêcapanipun N. V. Mij t/v d/z Albert Rusche & Co, Solo.

--- 3 ---

Kajaba wêwaton kang kudu ditêtêpi bab angênggoni omah utawa nganggo palêmahan, sarta kajaba layang-layang dhêdhawuhan bab angadêgake lan ambubrah omah kang isih tumindak, iku minôngka ihtiyare angadohake lêlara pès, manawa gawe omah anyar utawa muwuhi lan ngowahi dhapuring omah kang wus dadi, kudu miturut rêrigên lan wêwatone kang padha nindakake pagawean bab panulaking lêlêlaralêlara. pès, kaya kang wus katamtokake kamot ing bab 1, adêg-adêg kapindho ing layang undhang-undhang kapranatan katitimangsan ping 6 Juli 1914. (Kapacak ing Sêtatsêblad ôngka 486).

(Katamtokake kamot ing layang kêkancingane panggêdhe kang nindakake pagawean bab panjagane lêlara pès, katitimangsan ping 13 Agustus 1915 ôngka 1949 sarta kaping 13 Oktobêr 1915 ôngka 2870).

Jêjêring wêwaton

Mungguh kang dadi jêjêring wêwaton, iku angihtiyari supaya tikus aja nganti bisa awor karo manungsa.

Murih kalakone kang kasêbut ing dhuwur iki, kang kudu diparlokake dhisik, angihtiyarana supaya tikus-tikus ora bisa nusuh ana ing omah-omah utawa kang dadi panunggalaning omah.

Panggawene omah (kalêbu panunggalane) sarta gêdhong los sapanunggalane, iku katataa supaya tikus aja bisa nusuh ing kono utawa yèn nusuha, banjur bisaa katon (miturut rêrigêne kang nindakake pagawean bab panjagane lêlara pès).

Mungguh bisane ngihtiyari kang kasêbut ing dhuwur iki, iku sakèhing lowah-lowahan kang gampang disusuhi tikus, kudu: disingkirana yèn lagi gawe omahe, ditutupi, diisèni utawa

--- 4 ---

dibukak pisan.

Ihtiyar kasêbut ing dhuwur iki, iku kang prayoga dhewe mung kang kasêbut kapisan, yaiku nyingkiri sarupaning pojok-pojokan utawa lowah-lowahan lan bolong-bolongan.

Manawa bolong-bolongan mau ditutupi, tikus-tikus isih bisa nusuh ing kono, sarta yèn ing bolongan mau disusuhi, susuhe ora bisa katon saka ing jaba, dadi bolongan mau kudu tansah dipriksa kang satiti.

Rêrigên kang kaping têlu, yaiku ngisèni sakèhing pojok-pojokan utawa lowah-lowahan lan bolongan, iku iya prayoga, anggêre anggone ngisèni madhêt sarta nganggo maujud kaprayoga, dadi ora parlu sabên-sabên dipriksa.

Manawa ora nyudakake santosaning omah, sakèhing panggonan kang agawe samar bakal disusuhi tikus, iku luwih bêcik dibukak babar pisan, supaya katon cêtha tinimbang ditutup, utawa diisèni.

I. Bab panggawene omah kang dudu tembok

I. Wêwaton kang kudu ditêtêpi bab panggawene omah kang dudu tembok.

Balungan

Mungguh aran-arane paprincèning balungan, iku kaya kang kapratelakake ing gambar ôngka 1.

A. Pring

Pring kang ora sigaran, iku uga kêna kanggo cagak utawa saka, balok, blandar sarta pêngêrêt, anggêre dipirantèni ing saparlune supaya aja kongsi kalêbon tikus.

Mungguh patrape anggone mirantèni supaya aja kongsi kalêbon tikus, iku pringe kudu kapilihake kang wutuh tanpa cacad lan ora bênthèt, bongkot pucuke ditutupi bkègblèg. kang bêcik utawa ditutupi sèng, tutup mau saurut pinggire dibêkuk, ambaning bêkukane apêse 1 ½ sèntimètêr,

--- 5 ---

banjur dipaku mubêng mawa paku kang dawane 2 utawa 2 ½ sèntimètêr.

Manawa kulitane ana kang sèsèt, kudu ditambal karo blèg utawa sèng.

Manawa bongkot utawa pucuking pring mau ora ditutupi blèg utawa sèng, iku iya kêna disêsêli wêdhi gamping sapêpadhane kang prayoga, jêrone anggone nêsêli tumêka ing ros-rosan sacêdhake bongkot utawa pucuking pring.

Manawa ros mau saka bongkot utawa pucuking pring luwih saka 5 sèntimètêr iku kang kudu disêsêli wêdhi gamping mau kandêle ora kêna kurang saka 5 sèntimètêr saka bongkot utawa pucuking pring mau, dene sêsêlan mau dikukuhake mawa blèg utawa wêsi janur kang dipasang mrapat ana ing bongkot utawa pucuking pring, sarta pringe kaprênah ing sêsêlane dianjingi pantèk wêsi siji utawa loro sadurunge sêsêlane mau garing, luwihane saka 5 sèntimètêr mau kêna diisèni wêdhi krikil sapêpadhane kang ora kêna disusuhi tikus.

Mungguh cagak utawa saka sapêpadhane kang saka pring, iku ora kêna tumancêp ing lêmah ananging kudu manjing ana ing umpak watu utawa tembok kang kuwat, sarta manjinge ana ing umpak mau kudu kang rapêt.

Pring wutuhan, iku ora kêna kanggo balungan omah kajaba kanggo saka utawa cagak sapêpadhane lan balok, blandar, pangêrêt sapanunggalane kaya kang kasêbut ing dhuwur mau.

B. Kayu

Tumraping omah kang balungane kagawe saka kayu, iku sarupaning bolong-bolongan ing purusan utawa anjinganing kayu praboting payon, kudu disêsêli kang madhêt, utawa ditutup karo blèg utawa sèng kajaba yèn bisa katon cêtha saka ing ngisor.

Sakèhing balungan kayu ora kêna kaanggo manawa katon bolong growong utawa bênthèt.

Manawa angêdêgake omah anyar, iku sarupaning balungan tayukayu. grajèn kang pamasange [pamasang...]

--- 6 ---

[...e] diturokake, lingire salah siji kaarêpna mandhuwur lan raine kudu dimayatake 450 (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 2).

Manawa pangêtrape pangêrêting omah lawas, ora sarana diarêpake mandhuwur salah sijining lingire, iku kayune kang moncol saka anjinganing saka, kudu dipagas kang mayate 450 sarta pamagase mau diêlêtana 3 sèntimètêr saka sakane (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 3).

Lawang sarta candhela

Sarupaning lawang sarta candhela, ora kêna kagawe mawa bôndha pring wutuhan kang ora sigaran.

Talundhaging lawang, iku kudu kapasang kang dhuwure apêse 10 sèntimètêr saka jrambahe omah.

Panggawene payon

Payon pacul gowang kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 5 payon joglo (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 4) sarta dhapur liya-liyane kayata: bapangan, sinom, limasan, iku manawa ngêdêgake omah anyar, ing sabisa-bisa kudu disingkiri, sarta yèn bisa disalini dhapur kampung (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 6 lan 7), dene tumraping omah cilik, disalinana gêdhang salirang (kaya kang kapêtha gambar ôngka 8).

Tumraping payon kang dhapur pacul gowang sarta liya-liyane kayata bapangan, sinom, limasan, sapêpadhane, iku ing saantarane wuwung lan panggonan tatêmone molo lan dudur kudu diisèni kang kuwat manut lakuning molo lan dudur mau, sasisihe dawane 25 sèntimètêr (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 9) kajaba yèn panggonan mau bisa gampang katon cêtha.

Mungguh kang dianggo ngisèni iku prayogane woworan, sêmèn portlan sabagean, wêdhi têlung bagean, utawa: sêmèn portlan sabagean, wêdhi limang bagean sarta gamping satêngah bagean.

Manawa angadêgake omah anyar mawa payon sadhengaha dhapure iku

--- 7 ---

lowah-lowahan kang dumunung ing saantarane molo lan wuwung utawa saantarane dudur lan wuwung liyane kang kasêbut ing dhuwur, kalarangan ora kêna diisèni.

Panggawene molo lan wuwung

A. Bab kang diarani molo rangkêp

Amurih bisane nyingkiri sakèhing lowah-lowahan ing wuwungan, iku prayogane agawea molo rangkêp, dadi molone disalini blandar loro (sabuk) (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 10).

Mungguh godhaging blandar loro mau (kacirènan akasaraaksara. a) iku ora kêna kurang saka 40 sèntimètêr utawa luwih saka 60 sèntimètêr.

Siji-sijining blandar mau katumpangake ing andêr (panuwun, kacirènan aksara e) dene andêr mau digêrbil mrapat (kacirènan aksara e) sarta gêrbil mau tumumpang pangêrêt (kacirènan aksara d).

Pungkasaning usuking êmpyak karo pisan kang ana ing sisih dhuwur ora kêna gathuk, ananging kudu gonggang apêse 8 sèntimètêr.

B. Molo lamban

Manawa angadêgake omah mawa molo lamban, iku pangêtrape molo salah sijining lingire kaarêpna mandhuwur lan raine kudu dimayatake 45 (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 2) utawa yèn ora mangkono, raine molo kang ana ing dhuwur ora kêna yèn ambane luwih saka 5 sèntimètêr (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 11, aksara a lan b).

Manawa molone ora kagawe saka kayu grajèn pasagi utawa ambata, ananging kagawe saka kayu kang gilig utawa pring, iku balunganing payon kudu nganggo usuk kang kandêle apêse 5 sèntimètêr, utawa usuke kudu kaganjêl kaprênah tumumpange ing molo, supaya lowah 5 sèntimètêr sarta bisa katon cêtha (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 12).

Manawa ngadêgake omah anyar, iku sadhengaha nalare, lowahan kang ana [a...]

--- 8 ---

[...na] ing sadhuwuring molo ora kêna ditembok.§ Kajaba ing panggonan tatêmone molo lan dudur tumraping payon pacul gowang sapanunggalane kasêbut ing kaca 3, samono iku yèn ing panggonan mau ora bisa gampang katon cêtha.

Usuk.

Usuk iku kêna kagawe saka kayu utawa pring (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 2 lan 11a sarta 11b).

A. Bab panganggone pring

Sarupane usuk ora kêna kagawe saka pring wutuhan kang ora sigaran.

Mungguh usuk pring iku kudu kagawe saka wilah pring kang gêdhe kayata pring pêtung utawa pring ori, sarta pamasange kudu miring utawa kagawe saka pring wutuh, ananging kudu ditrontong saantaraning ros-rosane, sarta manawa ditrontong, ambaning trontonganing apêse kudu 5 sèntimètêr, kajaba iku trontongane kudu diarêpake mangisor.

Tumrap ing payon kang molo lamban, iku bab kandêling usuk kaya kang wus kasêbut ing kaca 7.

Pamasange usuk kudu diêlêti apêse 15 sèntimètêr, kaukur saka têngah-têngahaning salah sijine usuk, tumêka têngah-têngahaning usuk liyane.

B. Kayu

Tumraping omah anyar, ambane raining usuk kang ditumpangi êmpyak, iku ora kêna luwih saka 5 sèntimètêr, sarta êlête pamasange usuk ora kêna kurang saka 25 sèntimètêr kaukur sasêlaning usuk, kajaba iku prayogane usuk mau dipasanga miring (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 2).

Bab payon

Sarupaning payon ora kêna kagawe saka atêp, alang-alang, kajang, klakah, plupuh, santèk sapêpadhane, utawa saka gêndhèng plembang utautawa. gêndhèng malakah (gêndhèng kang cèpèr utawa kuwung, ing tatêmone ditutupi gêndhèng kang kuwung) mangkono uga sirap, iku iya ora kêna kanggo payon, kajaba [kaja...]

--- 9 ---

[...ba] yèn kagawe saka kayu wêsi kang bêcik, sarta kudu dipaku.

Manawa nganggo payon gêndhèng, iku pamasange rèng kang ana ing dhuwur dhewe kiwa têngêning molo, kudu diêlêti apêse 10 sèntimètêr, kaukur saantarane rèng karo pisan mau.

Wuwungan kang nganggo kêrpus gêndhèng kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 13. Iku yèn gêndhènge kang kanggo kêrpus mau kurang ômba, sabisa-bisa kudu disingkiri sarta yèn bisa disalini krêpus lepan kang kuwat (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 14).

Manawa nganggo payon sirap utawa sèng, wêsi tipis, blèk sapêpadhane, iku prayoga anganggoa blabag kang dipasang ana ing dhuwur molo, sarta ditutupi wuwungan kang dipaku sarta ditêkuk manut lakuning payon (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 15). Dene yèn ana butuhe kêna nganggo blèg kang kuwat .

Bab pagêr omah

Sarupane pagêr omah kang ana ing jêro ora kêna dirangkêp, dene kang ana ing jaba, yèn ana èmpère, iya ora kêna dirangkêp.

Manawa pagêre ing jaba ora mawa èmpèr sapêpadhane, iku ing jaba kêna dirangkêpi gêdhèg gandhul, ananging gêdhèg gandhul mau kapasanga supaya gampang dilingkab, dene ambane gêdhèg gandhul mau ora kêna luwih saka 2 mètêr.

Nam-namaning pagêr mau kêna diplèpèd mawa pring utawa kayu wilahan, liyane pring utawa kayu wilahan ora kêna.

Manawa cagaking omah kagawe saka kayu, iku pagêre omah sabisa-bisa aja ditèmplèkake ing sisih jaba utawa jêrone cagak. Ananging kudu dipasang ing têngah-têngahing cagak mawa gapit, utawa kayu tugêl-tugêlan (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 16). Dene yèn pagêre ditèmplèkake ing sisih jaba utawa jêrone cagak, iku kudu diplèpèt wilah lan dipaku cagake kang rapêt.

Pagêr kang ana sadhuwuring blandar sarta pêngêrêt, iku ora kêna ditèmplèkake ing sisihe blandar lan pangêrêt mau, ananging pamasange kudu diprênahake têngah-têngahing blandar lan pêngêrêt mau sarta pamasange kudu kang kuwat supaya aja nganti bisa owah.

Panyambunge gêdhèg pagêr omah, iku kudu kang mèpèt sarta luwihane kang tumumpang [tu...]

--- 10 ---

[...mumpang] gêdhège kang disambungake, ambane ora kêna luwih saka 10 sèntimètêr.

Bab plavon (Pyan kang tumèmplèk ing dlurung)

Lotèng

Kênane nganggo plavon, iku yèn kagawe saka maujud kang rapêt, supaya ora bisa kalêbon pinjal, sarta pamasange uga kudu kang rapêt, aja nganti ana bolong-bolongane kang kêna dilêboni pinjal.

Plavon mau kêna kagawe saka anaman pring anggêre anamane rapêt sarta sêla-sêlaning anaman dibuntoni kabèh kang bêcik.

Mungguh anggone ambuntoni sakèhing bolong-bolonganing pyan mau patrape kaya kang kasêbut ing ngisor iki, kayata: pyane ing sisih ngisor lan dhuwur kudu dilabur, nganti bolong-bolonganing pyan buntêt kabèh, utawa pyane ing sasisihe utawa karo pisan, ditir mawa wêdhi utawa karo pisan, ditir mawa wêdhi utawa diplêstèr.

Sarupaning pyan iku pamasange kudu kang gathuk rapêt karo pagêre, nganti pinjal ora bisa mêtu sêlaning pyan karo pagêr.

Lotengan, iku kudu dipadhangi supaya pojok-pojokane kabèh bisa katon, kang iku ing jêron ngomah kudu didokoki bolongan kanggo munggah ing lotengan, utawa dipirantènana, supaya lotengane kêna dilêboni, mêtu saka ing payon. Dene yèn ora ana undhak-undhakane kudu disadhiyani ôndha kang nyukupi dawane kanggo munggah ing lotengan mau.

Dlurunging pyan iku kudu kang nyukupi kuwate, supaya ora nguwatiri yèn ana parlune dipriksa lotengane.

Sarupaning dlurung ora kêna kagawe saka pring.

Bab panganggone pyan kang tumèmplèk ing sangisoring usuk

Sarupaning omah kalarangan ora kêna nganggo pyan kang tumèmplèk ing sangisoring usuk, kajaba yèn lowahan ing saantaraning payon lan pyan mau bisa padhang lan katon kabèh, utawa dibrukuti supaya tikus ora bisa lumêbu, dadi ora parlu dipriksa ing sabên-sabên, sarta pyan mau kudu kagawe supaya aja nganti

--- 11 ---

kalêbon ing pinjal, kaya kang katamtokake tumrap plavon.

Bab batur omah

Sakèhing omah ora parlu katamtokake kudu nganggo batur kagawe saka tembok. Ananging manawa ana kang nganggo batur mau iku iya kudu kagawe saka tembok, sarta batur mau kudu kagawe saka bôndha kang bêcik, lan batur mau ora kêna kagawe saka watu utawa bata kang mung ditumpuk-tumpuk.

Kênane nganggo ganjêl sangisore pagêr gêdhèg, iku mung yèn pamasange gathuk rapêt karo jrambah sarta lêmahe.

Jrambah

Sarupaning jrambah ora kêna nganti ana growongan utawa bolongane utawa ora kêna nganti bêngkah, supaya aja kêna disusuhi tikus.

Bab pawon utawa liyane panggonan kang kanggo gêgênèn

Sarupaning pawon utawa liyane panggonan kang kanggo gêgênèn, iku kudu kagawe saka tembok, mawa bôndha wêdhi gamping kang kuwat.

Bab praboting omah kayata: ambèn sapanunggalane

Ambèn, paga, sapanunggalane, iku ora kêna kaanjingake mèpèt karo pagêr, sarta ora kêna tumancêp ing jrambah.

Bab got sapanunggalane

Got, talang, sapanunggalane, iku kagawea sarta kapasanga supaya ora nganakake lowah-lowahan kang ora kêna dipriksa saparlune.

Bab amadhangi omah

Kabèh lowah-lowahan ing sajroning omah iku kudu dipadhangi ing saparlune, dene patrape anggone madhangi kaya kang kasêbut ing ngisor iki, kayata: Payone didokoki gêndhèng kaca sacukupe, utawa tutupe keyong kagawe saka pring wilahan utawa anaman, kapasanga supaya bisa padhang (kaya kang kapêtha ing gambar ôngka 17a lan b). Kajaba iku payone ing jêro sangisoring wuwungan kudu dilabur kang ambane apêse

--- 12 ---

têlung gêndhèng utawa têlung sirap.

Bab gandhok, pawon sapanunggalane kang kalêbu panunggalaning omah

Mungguh kabèh wêwaton kang tumrap omah, iku sapira kang parlu, uga tumrap gandhok, pawon sapanunggalane kang kalêbu panunggalaning omah kalêbu gêdhogan lan kandhang.

Bab lumbung

Lumbung desa sapêpadhane

Sakèhing lumbung desa lan panggonan liya-liyane kang kanggo ngrumati maujud kang bisa nêkakake tikus, mawa jrambah kang dhuwur, iku ora kêna kaadêgake ing panggonan kang dohe saka liya-liyane kurang saka 3 mètêr, sarta anggone angadêgake lumbung sapêpadhane mau dhuwure saka ing lêmah apêse kudu samètêr.

Wit-witan utawa rêrunggud, ora kêna yèn cêdhake karo lumbung mau têlung mètêr utawa kurang saka têlung mètêr.

Umpake utawa cagake iku kudu didokoki tèdhèng sèng utawa blèk kang kuwat, sarta kapasanga kang dhuwure apêse 75 sèntimèta,sèntimètêr. saka ing lêmah lan pasangmangepamasange. kudu didhoyongake, supaya moncole saka umpak apêse 20 sèntimètêr.

Lumbung mau ora kêna nganggo undhak-undhakan.

II. Bab omah tembok

II. Wêwaton kang kudu ditêtêpi bab panggawene omah tembok

Mungguh wêwaton kang kudu ditêtêpi bab panggawene omah tembok, iku sapira kang kêna katumrapake omah tembok, padha bae karo wêwaton bab panggawene omah kang dudu tembok, kaya kang kasêbut ing perangan I. Dene manawa wêwaton kasêbut ing perangan I ana kang ora katumrapake omah tembok lan panunggalane, iku kang kanggo jêjêring wêwaton panggawene omah tembok mau, kapiridna kang wus kasêbut ing kaca 3.4 bab jêjêring wêwaton.

--- 0 ---

Gambar ôngka 1.

[Grafik]

1. Sakaguru, 2. Sakarawa, 3. Andêr (cagak tuwuh), 4. Pangêrêt, 5. Krêbil, 6. Molo, 7. Usuk, 8. Usuk, 9. Blandar,

--- 0 ---

Gambar ôngka 2.

[Grafik]

Ciyut-ciyuting godhogane

Gambar ôkaôngka. 3.

[Grafik]

Gambar ôngka 4

[Grafik]

Payon joglo.

--- 0 ---

Gambar ôngka 5.

[Grafik]

Payon pacul gowang.

Gambar ôngka 6.

[Grafik]

Payon kampung.

--- 0 ---

Gambar ôngka 7.

[Grafik]

Kampung lan èmpèr gêdhang sêlirang.

Gambar ôngka 8.

[Grafik]

Gêdhang sêlirang.

--- 0 ---

Gambar ôngka 9.

Tatêmone molo lan dudur.

[Grafik]

Kang digarisi kêncêng iku kabênêr panggonan kang kudu diisèni.

Gambar ôngka 10.

[Grafik]

Molo rangkêp.

--- 0 ---

Gambar ôngka 11a.

[Grafik]

Gambar ôngka 11b.

[Grafik]

Gambar ôngka 12.

[Grafik]

Lowahan iki ora kêna diisèni.

Ganjêl.

--- 0 ---

Gambar ôngka 13.

[Grafik]

Wuwung kang ditutupi gêndhèng kang dilepa.

[Grafik]

Molo.

a. Lowahan ing saantarane wuwung lan molo iki ora kêna diisèni.

Gambar ôngka 14.

Wuwung tembok.

[Grafik]

Molo.

a. Lowahan ing saantarane wuwung lan molo iki ora kêna diisèni.

--- 0 ---

Gambar ôngka 15.

[Grafik]

Gambar ôngka 16.

[Grafik]

--- 0 ---

Gambar ôngka 17a.

[Grafik]

Gambar ôngka 17b.

[Grafik]

[Grafik]