Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 001-059)

Katalog:Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60
Sambung:
1.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 001-059). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #266.
2.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 060-119). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #924.
3.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 120-191). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #925.

Serie No. 464

--- 0 ---

Tatatjara

Anggitanipun Kyai tuwin Nyai Padmasoesastra dipun biyantu dhatêng Bagoes Ngarpah

Bale Pustaka Jakarta 2602

--- 2 ---

[Grafik]

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut Anggêr

--- 3 ---

Bêbuka

Sêrat Tatacara punika wiwitipun kaanggit kala taun 2553, sarta sampun nate kaêcap mawi aksara Jawi rambah kaping kalih, inggih punika kala ing taun 2567 lan 2571.

Wiwit taun 2553 dumugi sapriki punika pakulinanipun tiyang Jawi sampun kathah ewahipun, tatacara kina kathah ingkang kabucal, ngangge tatacara enggal. Mila punapa ingkang kapratelakakên ing Sêrat Tatacara punika ing jaman samangke inggih sampun kathah ingkang botên dipun lampahi.

Ewadene Sêrat Tatacara kawêdalakên malih, mawi aksara Latin. Bab-bab ingkang kamanah kirang prêlu kabucal.

Mênggah pamrihipun Bale Pustaka anggènipun ngêdalakên malih punika, sapisan: kangge ngilo tiyang-tiyang jaman samangke, nyumêrêpi tatacara ing jaman ingkang sampun kapêngkêr. Kaping kalih: dadosa cihna anggènipun mêmêtri dhatêng ingkang ngarang, awit nyatanipun Sêrat Tatacara wau kangge waosan pancèn nyênêngakên.

Bale Pustaka

--- 4 ---

[Grafik]

Kyai Padmasusastra, ingkang ngarang Sêrat Tatacara

--- 5 ---

Tatacara

Mêtêng

Nyai Ajêng: "Gêndhuk, kowe kuwi ayake wis ngandhêg, katara ing dhadhamu, obahing kêkêtêgmu katon ana ing tênggok, sarta cahyamu ijo sumunu mancur."

Radèn Ngantèn: "Mbokmanawi inggih, ibu, margi raosipun badan kula lungkrah sarta ngaang kemawon, saha ngangah-angah botên sampun-sampun."

"O, iyo iku, gêndhuk, sing diarani nyidham. Saiki sabên dina Rêbo-Sêtu kowe adusa kramas, kêkêthoka kuku sarta sisig, têgêse pasrah, dipundhuta esuk sore wis rêsik."

"Inggih sandika."

"Lan aja sok nganggo kêmbang, cundhuk jungkat, suwêngan sarta alèn-alèn, watêke kandhêg."

"Inggih sandika."

"Lan jêjamua cabe-lêmpuyang sabên wolung dina sapisan, utamane sabên Rêbo-Sêtu, iku gawe kuwating awak. Yèn mêtêng sêsasi cabene siji, lêmpuyange sairis; mêtêng rong sasi cabe lêmpuyange ngloro, mangkono sabanjure nganti lèk sanga, cabene iyo sanga miliha kang cilik-cilik, lêmpuyange iya sangang iris."

"Inggih sandika."

"Sirikane:

1. Aja sok linggih têngah lawang, linggih lumpang utawa alu, mangan disangga, iku dadi pangane Bathara Kala.

2. Ora kêna mangan iwak sungsang, iya iku kewan kang lair sikile mêtu dhisik, supaya ora kêtularan, wêtuning jabang bayi nungsang.

3. Ora kêna mangan iwak loh kang mangsa bangsane, kayata: kutuk, sok sêmbilangên.

--- 6 ---

4. Ora kêna mangan iwak kang angsare panas, kaya ta: mênjangan iku sok bisa ngwêtokake gêtih, sanajan wis mêtêng tuwa.

5. Mangan durèn lan maja iya ora kêna, sok bisa nggogrokake wêtêngan. Iku kabèh estokna."

"Inggih sandika."

Singgah-singgah

Nyai Ajêng: "Yèn kowe arêp mapan turu wisuha banyu uyah, ngadohake kala, ula wêdi nyêdhak."

Radèn Ngantèn: "Inggih sandika."

"Lan nganggo singgah-singgah."

"Kula dèrèng sagêd, ibu, pujinipun."

"Tak wuruki, apalna."

"Inggih."

"Singgah-singgah kala singgah, kang abuntut, kang awulu, kang ajatha, kang asiyung, padha sira suminggaha, aja wuruk sudi gawe, ingsun wus wêruh ajal kamulanira."

"Punapa botên wontên kidunganipun?"

"Ana, apa kowe arêp ngapalake?"

"Inggih."

"Rungokna, tak-ura-ura. Têmbange Pangkur:

Singgah-singgah kala singgah / pan suminggah kala durga sumingkir / sing aama sing awulu / sing suku sing asirah / sing atênggak lawan kala sing abuntut / padha sira suminggaha / muliha asalirèki //

ana kanung saka wetan / nunggang gajah tulale êlar singgih /

--- 7 ---

kulahu barang balikul / setan lan bêrkasakan / amuliha mring tawang-tuwang prajamu / eblise ywa kari karang / kulhu balik bolak-balik //

na kanung kidul sangkanya / nunggang gajah tulale êlar singgih / kulahu barang balikul / setan lan bêrkasakan / amuliha mring tawang-tuwang prajamu / eblise ywa kari karang / kulhu balik bolak-balik //

na kanung kulon sangkanya / nunggang gajah tulale êlar singgih / kulahu barang balikul / setan lan bêrkasakan / amuliha ing tawang-tuwang prajamu / eblise ywa kari karang / kulhu balik bolak-balik //

ana kanung lor sangkanya / nunggang gajah tulale êlar singgih / kulahu barang balikul / setan lan bêrkasakan / amuliha ing tawang-tuwang prajamu / eblise ywa kari karang / kulhu balik bolak-balik //

Gègèr setan kidul samya / anrus jagad êlor playuning dhêmit / ing têngah Bathara Guru / tinutup Hyang Suleman /

--- 8 ---

eblis setan bêrkasakan ajur luluh / ki jabang bayi wus mulya / liwat siratal mustakim //

gègèr setan kulon samya / anrus jagat wetan playuning dhêmit / ing têngah Bathara Guru / tinutup Hyang Suleman / eblis setan bêrkasakan ajur luluh / ki jabang bayi wus mulya / liwat siratal mustakim //

ajiku gajah pamudya / kêbo dhungkul brama rêp-sirêp sami / sirêpa lêlara iku / amula saking mata / mata lire apan saking manikipun / panahku sapu buwana / dadèkna kusuma adi //

tibakna mring janma lupa / eling mêngko eling êmbènirèki / salamêt saumur ingsun / tapaningsun wus wikan / ingsun ngadêg satêngahing sagara gung / pan linggihku lintang johar / apa kang sun sêdya dadi //

tan pêgat pamudya mantra / pun Jaswadi putra ing Kodrat nênggih / laila hailollahu / Muhammad Rasulollah / salalahu ngalaihi wasalamu / wangalaekum wasalam / wus tamat ponang pêpuji //

--- 9 ---

Karodene manèh, gêndhuk, kowe dak tuturi, wong mêtêng têmbean iku rêkasa. Sapisan, saka durung tau nglakoni, lagi bêbadra bae wis sambat ngaru-ara. Kaping pindho, klêbu ing petungan ganjil, rêkasane padha karo wong mêtêng mêndêking."

"Wawrat mêndêking punika kadospundi ta, ibu, kula dèrèng mangrêtos."

"Bocah apa kowe iku, mêtêng mêndêking bae durung dhêngêr. Mêtêng mêndêking mono mêtêng tiba ganjil, kaya ta: mêtêng kang kaping 3, kang kaping 5 sapiturute, iku aran mêndêking. Mulane sabên slamêtane disarati nganggo slamêtan sêga loyang, kayune galar ambèn, supaya slamêt wêtêngane sarta sudaa rêkasane. Diarani mêndêkingi."

"Manawi mêtêng têmbean, beda kalihan mêtêng kaping kalih, punika kathah èmpêripun dene sampun nate akalihan dèrèng. Wangsul mêtêng kaping kalih kalihan kaping tiga wontên bedanipun, punika kula botên mangrêtos."

"Iya iku kuwasane Pangeran, samono, wong nganti ora bisa nggayuh, pinaido ora kêna."

"Bilih maibênipun wau, nuwun botên, namung badhe sumêrêp sababipun."

"Iku isih ginaib, manungsa ora kasinungan wêruh."

Wilujêngan mêtêng

Tangkilan: "Olèhmu ngèndhutngandhut. iku wis pirang sasi he, ndhuk?"

Radèn Ngantèn: "Êmpun gangsal mlêthèk niki."

"Apa iya ta, kok gêlis têmên."

"Ênggih niku."

"Dhèk apa ta, olèhmu ora nggarapsari?"

"Èngêt kula dhèk wulan Rabingulakir, saniki wulan Ruwah."

"O, o, iya dhik, apa ora nuli dislamêti ngono?"

"Kula ênggih êmpun ajêng sanjang, kasêlak mang tanglêdi niki wau."

--- 10 ---

"Slamêtane apa ta?"

"Kula êmpun matur pitakèn ibu, kathah wêrnine, lan botên mung anggangsali mawon, dalasan wawrat sawulan, kalih wulan, tigang wulan, utawi kawan wulan sing êmpun kêpêngkêr, ênggih diwilujêngi pindhah sarêng kalih nggangsali wau."

"La rupa apa?"

"Wilujêngan sawulan, nama ngebor-ebori, wêrni jênang sungsum. Wilujêngan kalih, tigang wulan sami mawon; bakune:

1. Sêkul janganan; tumpêng ing pinggir dipun ubêngi janganan: kacang, thokolan, kangkung, lêmbayung, rajangan telagantung tuwin sanès-sanèsipun, ananging warnining janganan kêdah ganjil: 5, 7, utawi 9, dipun carubi parudan klapa bumbon, mawi pelas kadhêle, bongko gudhe, ampas jangan ladha kluwih, sambêl puyang, sambêl laos, sambêl dhêle, sambêl wijèn, sambêl gèpèng, sambêl kluwak, cabuk sarta gêrèh pèthèk bakaran, tigan wajar satunggal kasigar dados gangsal, sadaya wau dipun ubêngakên ing tumpêng awor kalihan janganan.

2. Jênang abrit, wujudipun abrit kalihan pêthak, sarta jênang baro-baro. Jênang abrit pêthak: uwos kajênang mawi santên, ingkang abrit mawi gêndhis Jawi. Jênang baro-baro: katul kajênang dipun sisiri gêndhis Jawi mawi parudan klapa. Jênang abrit, têgêsipun: milujêngi rahsaning biyung; jênang pêthak: rahsaning bapa, mila manawi madhahi wontên ing takir botên kenging kalintu, kêdah jênang abrit rumiyin lajêng katumpangan jênang pêthak. Dene jênang baro-baro: milujêngi sadhèrèkipun ingkang lair sarêng sadintên.

3. Jajan pasar: kêmbang borèh, opak angin, pisang pulut, pala kapêndhêm: wi, gêmbili, kimpul, ampas klapa kadamêl mancawarni: abrit, cêmêng, kuning, biru, pêthak, carabikang satunggal, kupat luwar satunggal, êmpon-êmpon sapêpakipun: têmu warna-warni, sunthi, kêncur, kunir, lêmpuyang,

--- 11 ---

jae, bêngle, sarta mawi kapuk, ampo, ênjêt, sêkul janganan wungkusan.

Wilujêngan kawan wulan: sêkul punar lawuhane ulam maesa satunggal, mawi sambêl gorèng sarta kupat sakawan.

Wilujêngan gangsal wulan: sêkul janganan kados ing nginggil wau, mung kaot mawi ulêr-ulêr: galêpung wos dipun juri kalihan toya, mawi woworan ingkang marahi sagêd dados mancawarni, punapadene êntèn-êntèn: parudan klapa dipun dèkèki gêndhis Jawi dipun olah lajêng dipun glindhingi minangka abên panêdhanipun kêtan mancawarni.

Ngangge wewehan têng sanak sadhèrèk, atur uninga yèn anggèn kula wawrat êmpun 5 wulan, nyuwun pangèstu wilujêng, wadhahe ponthang janur kuning, bitinge dom warni gangsal: êmas, suwasa, salaka, dêmbaga, wêsi, lambarane lèmpèr siti, isining ponthang sêkul Jawi kalihan punar, ulam gorengan, utawi mawi ulam-ulaman sarta panganan sami kalih sing kanggo wilujêngan sakêdhik-sakêdhik sarta mawi rujak crobo, rujak mawi bumbu sunthi kêncur.

Wilujêngan nêm wulan disarêng kalih wilujêngan pitung wulan; warni apêm kocor, glêpung uwos kacolok ing ragi sakêdhik, lajêng dipun cêprot, lajêng dipun juri kalihan toya, lajêng dipun kêbluk, lajêng dipun pe. Bilih sampun munthuk tandha sampun dados, lajêng kaolah sarana cithakan tanpa abên, raosipun asrêp kêmawon, lêdipun kêcut, panêdhanipun kalihan juruh santên. Wilujêngan pitung wulan sêkul janganan.

Wilujêngan wolung wulan: bulus angrêm, klêpon dipun tutupi srabi pêthak kakurêbakên. Klêpon: pindhaning tigan, srabi pindhaning thothok bulus. Klêpon: glêpung kêtan mêntah dipun juri toya mawi wênjêdan godhong kara, lajêng dipun glindhingi sawidara-widara, ing nglêbêt dipun dèkèki gêndhis, lajêng dipun cêmplungakên ing wedang panas. Bilih sampun kumambang tandha sampun matêng, lajêng dipun carubi parudan klapa singgatan, klapa kaparut mlumah

--- 12 ---

dados agal pindha singgat. Srabi: glêpung uwos kacêprot, lajêng dipun olah wontên ing sangan.

Wilujêngan sangang wulan: jênang procot, glêpung uwos dipun juri kalihan gêndhis, santên, lajêng dipun jênang. Nêngah-nêngahi matêng lajêng dipun cêmplungi pisang wêtahan ingkang sampun dipun oncèki. Bilih sampun matêng dipun wadhahi ing takir, sabên takir satunggal, pisangipun inggih satunggal.

Yèn êmpun wawrat sanga tanggal sêpuh, utawi lèk sadasa dèrèng kraos nyakiti, diwilujêngi dhawêt plêncing."

"Apa têgêse dhawêt plêncing?"

"Ênggih dhawêt limrah niku mawon, nanging botên didongani ing kaum, disade ing lare kalih yatra wingka. Sabên dhawêt êmpun diombe lare lajêng lumajêng plêncing, milane nama mêkotên."

"We, akèh ane, wragade."

"Êmpun karuhan nèk okèh, la wong wilujêngan ping gangsal disarêng sapindhah mawon, niku sanèse wilujêngan nêm, pitung, wolung, sangang wulan. Wah, niki mawi wèwèhan, nanging liyane nggangsali êmpun botên ngangge wèwèhan mêlih."

"Pira kiramu sêdhênge?"

"Mangga mawon, yèn mang damêl sêmuwa salangkung ênggih cêkapan, nanging dome mang yasa kiyambak."

"Iya ta, mangsi bodhoa olèhmu nindakake, mêngko dhuwite tak wènèhi, aku sing yasa dom, mung besuk tingkêbmu sing arêp nggalih bapak, ayake arêp digêdhe, gene nganggo dhawuh mênyang aku."

"Ênggih sukur."

Tingkêban

Tiyang tingkêb punika wawrat 7 wulan, pados dintên Rêbo utawi Sêtu sadèrèngipun tanggal purnama ingkang pinanggih ganjil, kados ta: tanggal kaping: 3, 5, 7, 9, 11, 13 utawi

--- 13 ---

15, botên kenging langkungipun saking purnama. Adusipun wanci jam 11 siyang, mawi patêlêsan sinjang. Ingkang ngêdusi dhukun saha para sêpuh, mawi toya sêkar sataman. Kosokanipun warni pitu: wêdhak agal, sêdhêng tuwin lêmbat, mangir, sindu, lulur, sarta asêm. Sasampunipun rampung lajêng dipun wuloni dhatêng dhukun.

Padusanipun wontên ing latar kiwa têngêning griya, kakrobong, lawanganipun majêng mangetan, kiwa têngên karêngga ing têtuwuhan: pisang, têbu, sarta cêngkir gadhing, mawi sajèn: sêkul janganan, jênang abrit, jênang baro-baro, jajan pasar, sriyatan: wijèn, kêdhêle, kacang, sami kagangsa ing gêndhis, cêngkaruk gimbal: sêkul aking kagorèng ing sangan rumiyin, lajêng kagangsa, kêmbang pari: kêtan mêntah kagorèng ing sangan lajêng dipun krawu ing klapa mawi sisiran gêndhis Jawi, pênyon: glêpung dipun dang lajêng dipun juri ing toya mawi kunir, têngahing êndhèg-êndhegan dipun dèkèki pisang, kawungkus lajêng kaêdang sarta lajêng kalèlètan cêmêng-cêmêng, angus punapa mangsi, lajêng dipun iris-iris warni kuning, cêmêng sarta pêthak, pindha pênyu, sampora: glêpung dipun juri kalihan santên lajêng dipun cithak kados bathok mêngkurêb, pring sadhapur: glêpung matêng dipun juri kalihan toya, lajêng kapêtha tumpêng alit, lajêng dipun tancêbi giligan glêpung sadriji-driji mancawarni, mawi sunduk sujèn, tumpêng robyong: tumpêng kalêbêtakên ing cêthing, dipun tancêbi ulam-ulaman maesa satunggal sarta tigan wajar satunggal, katancêbakên ing pucuk tumpêng, gêrèh tuwin krupuk, punapadene janganan mêntah: lombok, terong, kacang dipun untili tigang warni dados satunggal, tuwin gêgodhongan utawi sêkar-sêkaran.

Wanci pukul 10 tamu jalêr èstri wiwit dhatêng. Bilih sampun ngalêmpak, lare èstri lajêng dipun dusi. Bilih sampun rêsik lajêng dipun santuni pasatan sinjang, tumuntên dipun ubêdi lètrèk anglowong têbih kalihan wêtêng, tumuntên

--- 14 ---

biyunging lare jalêr ndhawahakên tropong salêbêting lètrèk,§ Lawe abrit, cêmêng pêthak, katênun awis-awis pindha anamaning griya kêmlandhingan. mawi wicantên: lanang, lanang, lanang, katampèn biyunging lare èstri, punika minangka pasêmon lairing jabang bayi aclorat-clorot kados lampahing tropong. Lajêng ndhawahakên malih warni cêngkir gadhing, kasêrat Kumajaya lan Ratih, utawi Janaka lan Sumbadra, punapa Panji lan Kirana, pundi ingkang dipun sênêngi, minangka pasêmon warnining jabang bayi kados makatên, mawi mungêl: wedok, wedok, wedok.

Tumuntên lare jalêr bidhal saking pandhapa, dipun kanthi ing bapa tuwin marasêpuhipun. Bilih ing salah satunggalipun sampun botên wontên, dipun wakili ing êmbah utawi pinisêpuh sanèsipun, sarta dipun ayap para tamu dhatêng padusan. Lare jalêr tumuntên magas lètrèk kalayan duwung ingkang dipun angge mawi gombyok sêkar kados kala pangantènipun. Tugêling lètrèk kalepat lajêng wangsul botên kenging wicantên sakêcap, sinarêngan ing ngriku êmbokipun lare jalêr mbatingmbanting. tigan mêntah sarta cêngkir gadhing wau kaplathok sigar palih, pasêmon lairing jabang bayi botên kirang satunggal punapa.

Tumuntên lare èstri dhatêng griya, marginipun kagêlaran mori pêthak, lajêng ngadêg wontên sangajênging patanèn, ing ngriku sampun dipun sadhiyani pisalin tapih-kêmbên kathahipun mitu, lajêng dipun angge kalayan kêndho-kêndhonan kemawon. Para sêpuh wontên ingkang wicantên "durung patut", lajêng dipun plotrokakên. Santun sanèsipun inggih dipun aruh-aruhi malih "ya durung patut", lajêng dipun plotrokakên malih. Makatên ing salajêngipun ngantos kaping pitu maksa dèrèng kalêrêsan, ngantos ngumbruk botên kenging dipun singkirakên malah lajêng dipun lênggahi. Punika inggih ugi kalêbêt pasêmon gampile anggènipun manak, kadosa anggènipun tapihan: aplotra-plotro. Wusana lajêng dipun

--- 15 ---

tilar dhatêng ing gêdhong santun pangangge sayêktos, tapih bathik, kêmbên lêmês, dringin, limar tuwin sanèsipun, tanpa rasukan, botên kenging mawi sêkar utawi ngangge sêngkang tuwin sêsupe.

Dalunipun ringgitan purwa, mawi ulêm-ulêm tamu jalêr èstri, ningali ringgit, sambènipun kasukan kêrtu, lampahanipun lair-lairan, ingkang sae piyambak lairipun Gathutkaca. Mawi mêdal brayut: tiyang dhusun sugih anak.

Sajèn

Ingkang nama sajèn punika botên sami, nanging bakunipun: panggang tumpêng, panggang gêsang tumpêng thok, sarta mawi pangiring uwos sakati. Gêdhang ayu, suruh ayu, gêndhis satangkêp, klapa satunggal, mênyan wawrat sareyal, kêmbang borèh, tindhih sataksawe. Mawi lawe satukêl, lisah kacang sakopi, andhungan manawi ucêng-ucêng sarta lisahing balencong têlas.

Ingon

Ingon niyaga kaping kalih, dhatêng sontên: sêkul, ulam, panganan sarta wedang, cêmêngan pangaos suku. Mantuk enjing, nêdha malih, kados kala dhatêng sontên.

Dhalang sêgahipun karampad kaping kalih, botên katêdha lajêng kabêkta mantuk. Sarampadan punika: sêkul saambêng, ulam sadasa piring, panganan ugi sadasa piring.

Nyakiti dumugi manak

Tangkilan: "Wêtêngmu wis katon angglong têmên, ayaknèn nuli krasa."

Radèn Ngantèn: "Lasar ênggih, wêtêng kula pijêr kraos slêmat-slêmêt mawon, kêdah toyan. Bapak ibu sami mang aturi, ta."

Tangkilan: "Hê-êh. - Bur!"

Gêmbur: "Kula"

--- 16 ---

"Mênyanga Gadhing banjur mênyang Pasar Kliwon, sowana bapak, matura yèn si ndhuk nglarani. Sibu tak-aturi, sukur bapak karsa rawuh. Diyat-diyat bae laku anyar."

"Inggih sêndika."

...

Gêmbur: "Kula nuwun!"

Sasak: "Sapa kuwe?"

"Kula pun Gêmbur."

"Ana gawemu apa? Mlêbua ngomah bae ta."

"Inggih, kula nuwun, kula dipun kèngkèn putra sampeyan ndara bèi, ngaturi uninga putra sampeyan ndara dèn ngantèn kraos nggêrahi, rayi sampeyan ndara nyai dipun aturi, sukur panjênêngan karsa rawuh."

"O, o, wayah apa wiwite krasa?"

"Sawêg kemawon."

"Êntènana bae sisan mêngko barêng karo aku nggoncènga kreta."

"Nun kula lajêng badhe dhatêng Pêkên Kiwon, kautus sowan rayi sampêyan Ndara Bèi Bêndhung, nunggil prêlu."

"O, o, iya, wis ta nuli mênyanga."

"Inggih, nun sampun kêlilan."

Sasak: "Iya. - Ibune!"

Nyai Ajêng: "Kula."

"Anakmu krasa, Si Gêmbur sing mrene, awèh wêruh, ayo nuli padha mrana nunggang kreta bae."

"Êngga."

...

Bêndhung: "Lho, kowe Bur, awan-awan, ana gawene apa?"

Gêmbur: "Kula nun, sowan kula dipun kèngkèn putra sampeyan ndara bèi, ngaturi uninga putra sampeyan ndara dèn ngantèn kraos nggêrahi, rayi sampeyan ndara mas ayu dipun aturi, sukur panjênêngan karsa rawuh."

--- 17 ---

"O, o, dhèk kapan krasane?"

"Sawêg enjing punika wau."

"Dhisika bae, ta, mêngko aku sadhela mrana karo ibune, nunggang bèndhi."

"Nun inggih, kula lajêng kalilan ngrumiyini."

"Iya, ta. - Ibune!"

Mas Ayu: "Kula!"

"Si Gêmbur mrene, anakmu krasa, kowe diundang, ayo ta, karo aku nunggang bèndhi bae."

"Êngga."

...

"Sasak: "Piyê bèi, bojomu?"

Tangkilan: "Kula nun sapunika katingal sarèh, malah lajêng tilêm."

Nyai ajêng: "Wong durung tau manak, lagi bêbadra bae iya wis gugup."

Sasak: "Mlêbua ngomah ta, ibune, aku ana ndhapa bae."

Nyai ajêng: "Ênggih, mêngke mawon mang lênggah griya, ngêntosi dhatênge kêng rayi Mas Bèi Bêndhung. Êlo, olèhè tata paturon athik mujur ngalor, luput, yèn wong arêp manak iku paturone kudu mujur mangulon, anut petung lakuning banyu."

Sasak: "Ayake kaê, bèi, glêdhêg-glêdhêg nunggang bèndhi, bapakmu dhi Bèi Bêndhung têka."

Tangkilan: "Mênawi."

"Lah nyata ta, - Mangga, dhi, ngriki lênggah pandhapa rumiyin kalihan kula, kêng rayi mas ayu kajêngipun rumiyin kêpanggih kêng mbakyu nyai ajêng sampun wontên griya."

Bêndhung: "Nun inggih. Punapa sampun dangu rawuh sampeyan?"

Sasak: "Sawatawis, dhi, dèrèng patos dangu."

--- 18 ---

"Kadospundi anggènipun nyakiti putra sampeyan?"

"Kula dèrèng mlêbêt dhatêng griya, dhi, pun ndhuk sawêg tilêm, mênawi mbribèni."

"Kados sawêg bêbadra, lajêng gugup, tandhanipun sapunika malah tilêm."

"Mênawi. Awakipun putra sampeyan sae, salêbêtipun wawrat botên nate sakit."

"Kasinggihan, kados badhe botên dangu anggènipun nyakiti. - Dèn bèi, kowe apa wis kongkonan ngundang dhukun?"

Tangkilan: "Sampun, nanging dèrèng dhatêng. Lah punika sampun katingal. - Mbok, banjura mênyang ngomah bae, ibu-ibu wis padha nênggani."

Sandilata: "Inggih, Mangga, ta, kalihan panjênêngan sampeyan."

Sasak: "Iya, ta, bèi, mlêbua ngomah."

Tangkilan: "Nun inggih."

Radèn ngantèn: "Adhuh, mulês têmên!"

Sasak: "Mangga, dhi, mlêbêt dhatêng griya, punika kêmirêng saking ngriki sambat, kados kraos malih."

Bêndung: "Mangga."

Sandilata: "Sampeyan sundhang§ lênggah wontên ing ngulon-ulon nyanggi badanipun ingkang èstri sarwi nyêbul êmbun-êmbunan. ingkêng sakeca, ndara bèi. Sampeyan ngore rema, sampun cundhuk sêrat, lukar paningsêt, uwêl kemawon, ngagêm rasukan tuwin lancingan inggih botên kenging."

Nyai ajêng: "Lawangan bothekan iku ngakna, Drug! Tali ponjèn padha uculana, lawang-lawang kae aja ana sing kêmancing. - Pak, dhuwung lan waose si bèi nika mbok mang unusi saking wrangkane."

Sasak: "Hê-êh."

Sandilata: "Ndara dèn ngantèn, ingkêng sarèh panggalih sampeyan, botên mênapa-mênapa, mênawi kraos badhe uwat inggih sampeyan watakên, mênawi botên, botên susah uwat."

--- 19 ---

Mas ayu: "Olèhmu uwat silirên bae, nggèr."

Sandilata: "Êndi banyune mas, Drêg?"

Ladrêg: "Kula dèrèng sumêrêp wêrnine toya mas, niku?"

Mas ayu: "Bocah busuk, kowe mau dadi durung gawe?"

Ladrêg: "Dèrèng, ndara, tiyang dèrèng sumêrêp."

"Apeka kunir anaa rong grigèh bae banjur pipisên, banyune pêrêsên ing bokor, dokokana banyu satêngah dhuwur nuli gawanên mrene."

"Inggih. - Punika sampun, ndara."

"Ngijolna dhuwit igaran dhisik."

"Punika kula gadhah satunggal."

"Kene, gilo dhuwit suwang saprapat iki kosèkên wêdhi dhisik bèn rêsik katon anyar têmbagane, yèn wis, nuli cêmplungna ing bokor kono."

"Inggih. - Punika sampun, ndara."

"Kene, - Gilo, Mbok Sandilata, banyune êmas."

Sandilata: "Kaparingakên, ndara. - Riri-riri jabang bayi gêlis mêtua gendhongên sadulurmu dipêthuk banyu êmas. - Mangga nggèr, sampeyan mamah godhong dêdêl, sampun kula bêktakakên saking griya. - Jupukna uyah sawuku bae, Drêg."

Ladrêg: "Ênggih. - Nigile."

Nyai ajêng: "Ayo, nggèr, ayo bandrêngna. - Bèi, olèhmu nyêbul êmbun-êmbunan sing sêru. Wis ketok sirahe, ayo, ayo, ayo, uh kowe. Ngowe! ngowe!.§ tangis ing bayi lair. Sarèh dhisik, nggèr, sarèh, aringna napasmu. Wis uwatna manèh, nggèr, rambutmu cakotên, - procot -wis, slamêt, slamêt, slamêt. We, lanang, lanang, lanang."

Sasak: "Alkamdulillah, nuli rêsikana, ibune, mêngko tak adanane. - Mangga, dhi, sami sumingkir dhatêng pandhapa rumiyin."

Bêndung: "Mangga."

--- 20 ---

Nyai ajêng: "Mbok, ususe gêgêlana,§ dipun urut mangandhap manginggil supados ngalêmpak rahipun. mêngko nuli kêthokên."

Sandilata: "Inggih. - Ndara bèi, kula nyuwun wêlat dêling wulung ingkang sae, kanggea salaminipun. Benjing mênawi kagungan putra malih, inggih wêlat punika ingkang dipun angge malih, mila wontên bêbasan: sadulur tunggal wêlat. Bilih botên karsa makatên, kêdah dipun wor kalihan ari-ari kalêbêtakên ing kêndhil."

Tangkilan: "Iya, mbok, dak gawèkake wêlat sing bêcik, lan bakal dak rawati bae. - Sakarya!"

Rêksakarya: "Kula."

"Aku gawèkna wêlat pring wulung sing bêcik, digawe magas ari-arine si bayèk."

"Inggih sandhika. - Punika, ndara."

"Iki apa ora kêgêdhèn, lan apa ora kurang landhêp?"

"Botên, ndara, sampun prayogi."

"Nya, mbok, wêlate, wis kêbênêran apa durung."

Sandilata: "Kaparingakên. Sampun kalêrêsan, ndara. - Drug, jupukna êmpu kunir siji bae kumbahên sing rêsik, karo lading, dianggo langgênan pangêthoking usus."

Gêdrug: "Êngga, nigile."

"Ladinge mambu brambang, apa ora koambu ta, mau?"

"Botên, pundi kula tlêsêpne ing wit gêdhang kajênge rêsik mari mambu brambang. - Êngga êmpun mari mambu."

"Êndi!-Sampun ndara nyai, pusêripun kula kêthok."

Nyai ajêng: "Iya wis, kêthokên, aja cêdhak-cêdhak. Gêtihe kuwi enggal lèlètna mênyang lambene si bayèk, cahyane cikbèn mèngèr-mèngèr. Kunire kuwi worna ing ari-ari kono bae, mêngko dilêbokake ing kêndhil, wêlate caosna ndaramu cikbèn dirawati. Si bayèk caosna mas ayu cikbèn didandani. Kowe mbumènana madhahi ari-ari."

"Inggih, - Drug, jupukna kêndhil anyar, ing jêro lambarana [lam...]

--- 21 ---

[...barana] godhong senthe, arêp diênggo wadhah ari-ari ana sajrone bathok bolu, karo dokokana kêmbang borèh, kêmiri loro gêpakjêndhul, gêrèh pèthèk lan êdom, kunire kuwi katutna worên ing ari-ari, sarta bêras abang, lan lênga wangi, apadene uyah tuwin gantal sasupit, lan suwunna dhuwit sagobang kanggo tindhih, banjur tutupana lèmpèr anyar."

Gêdrug: "Ênggih. - Nigile, êmpun pêpak sêdantên."

"Dokokna ing kono bae dhisik. - Ndara bèi, kula nyuwun sêratan sastra Ngarab kalihan Jawi, badhe kula dèkèk awor kalihan ari-ari salêbêting kêndhil, têmbene ingkang putra baut ngaji lan baut maca."

Tangkilan: "Iya tak tulisake sadhela. - Nya, gilo wis dadi."

"Kaparingakên. - Ndara nyai, kula nyuwun mori sakacu kangge mbuntêl kêndhil."

Nyai ajêng: "Lah kuwi, wis dak cawisi ana kulonmu cakêt, ranggèhên dhewe. Kowe rak wis biso pujiane ta, mbok?"

"Sampun, mawi sêkar mijil: Kakang kawah adi ari-ari, payo padha nglumpok, mbok niriyah latdiyah dèn age ... lajêngipun kok kêsupèn, ndara."

"Ya wis, ora dadi apa. - Bèi, ari-ari iku karêpmu kapriye, apa kolabuh, apa kopêndêm, utawa kogantung ana padon omah ing jaba."

Tangkilan: "Ari-ari kula rumiyin kadospundi?"

"Dipêndhêm bapakmu ana ing patamanan buri, ngisor kêmbang kalak."

"Kados prayogi dipun pêndhêm kemawon, bu, botên ngêkathahi padamêlan."

"Lah wis, nuli golèka pacul, pêndhêmên dhewe kana, dandana sing bêcik sarta nganggo kêris."

"Wut, kidhung, bu, bilih kula mawi macul piyambak."

"Kêna kosambatake mênyang baturmu, sarta kudu nganggo tindhih dhuwit satak sawe,§ suwang saprapat. nanging ngêmban, ora kêna yèn ora koêmban dhewe."

--- 22 ---

"Ngêmban, inggih ngêmban, tiyang sampun kalêrês, nanging macul, bayar tindhih kemawon, bu, tinimbang ngangkat pacul piyambak, susah. - Sakarya!"

Rêksakarya: "Kula."

"Gawea luwangan ngisor kêmuning kulon jamban kae, sêdhênging kuwali utawa kêndhil lêmah, jêrone saasta. Gilo nganggo tindhih suwang saprapat, nanging dhuwite talèn, jujule pèkên bae pisan."

"Inggih nuwun."

"Sampun, bu, punika mangkat."

"Wis, gilo êmban-êmbane, bêbêdmu sambalana kiye. - Wug!"

Riwug: "Kula."

"Jarik gringsing ringgit sing tak umbrukake ana pojok lawang kae tilas dianggo tapih ndaramu gupak gêtih, kumbahên sing rêsik, iku diarani: kopohan, ora bakal dianggo manèh, mung dirawati bae, mêtu-mêtu nèk si bayèk ora kapenak awake ginawe suwuk, kinêmulake, utawa ginawe kukup. Mêngko nganggo nêbus suwang saprapat, mulane sing rêsik olèhmu ngumbah."

"Inggih sandika."

"Dèn bèi, golèka madu kêmbang, karo dêgan kêmêruk-buntut, sajrone bayi durung bisa nusu, mung iku kang dadi pangane."

"Inggih sêndika, pados madu sêkar punika dhatêng pundi, ibu?"

"NuywunaNyuwuna. mênyang jêro kraton bae, eyangmu Nyai Adipati Sêdhahmirah mêsthi kagungan."

"Inggih."

"Riwug! Wug!"

"Kula."

"Ambèn kulon kae tatanana paturon mujur mangulon, diênggoni ndaramu mêngko ngalih mrana, karo paturone si bayèk pisan."

--- 23 ---

"Inggih sêndika."

"Êlo, paturone si bayèk athik ana lor, mujur mangulon, iku ora kêna, kudu ana têngêning biyung, dadi ana kidul sarta kudu mujur mangidul. Lihên sadhêla. Besuk yèn si bayèk wis kêna dikêloni, iku kêna mujur mangulon, karodene ing dagane sajènana sêga punar lawuhe iwak ati lan êndhog, dokokana gantal, pasangana pangilon, sandhingana kêlud lan sapu sada, apadene papon, damar panjêran aja lali."

Mas ayu: "Mbakyu, punika pun bayèk sampun kula rêsiki mêntas wawratan, sarta sampun kula gêdhong."

Nyai ajêng: "Sukur, mangke tinjanipun kalong sampeyan paringakên dhatêng kula, badhe kula rawati, ing têmbe wontên damêlipun."

"Inggih. Pun bayèk, punapa sampun kenging kula tilêmakên?"

"Mangke, dhi, kajênge dipun adani kakèkipun rumiyin. - Pak, mang mlêbêt griya ta, sakêdhap, wayahe niki mang adani kriyin."

Sasak: "Iya, ta. Kaparingakên, dhi, kula adanane."

"Sumangga."

Lajêng adan kalihan ikamat dipun ungêlakên.

Adan

Rapal: ... Makna:

1. Allah-u Akbar x 4 ... 1. Allah Maha Agung

2. Asy-hadu al-lã-ilãha ill-Allah x 2 ... 2. Ingsun anêksèni ora ana pangeran kajaba Allah

3. Asy-hadu anna Muhammadarrasul-ullah x 2 ... 3. Ingsun anêksèni yèn Muhammad iku utusaning Allah

4. Hayya 'alas-salah x 2 ... 4. Ayo padha salat

5. Hayya alal-falah x 2 ... 5. Ayo padha golèk kabêgjan

6. As-salat-u chair-un minan-naum x 2§ Punika namung tumrap sêmbahyang subuh, sanèsipun botên ngangge, sarta malih "salat luwih bêcik tinimbang turu"pikajêngipun inggih ing wanci subuh wau. Rèd. ... 6. Salat luwih maedahi tinimbang turu

7. Allah-u akbar x 2 ... 7. Allah maha agung

8. La ilaha ill-allah ... 8. Ora ana pangeran kajaba Allah

--- 24 ---

Kamat

Rapal: ... Makna:

1.Allah-u akbar x 2 ... 1.Allah Maha Agung

2.Asy-hadu al-lã-illãha ill-Allah ... 2.Ingsun anêksèni ora ana pangeran kajaba Allah

3.Asy-hadu anna Muhammadarrasul ullah ... 3.Ingsun anêksèni yèn Muhammad iku utusaning Allah

4.Hayya 'alas-salah ... 4.Ayo padha salat

5.Hayya alal-falah ... 5.Ayo padha golèk kabêgjan

6.Kad kamat-is-salah x 2 ... 6.Salate wis arêp wiwit

7.Allah-u akbar x 2 ... 7.Allah Maha Agung

8.La ilaha ill-allah ... 8.Ora ana pangeran kajaba Allah

Mas ayu: "Ndhuk, nginang-nginanga ta, nggèr, aja lês-lêsan kudu turu bae."§ Adatipun tiyang Jawi bilih tiyang èstri mêntas gadhah anak, mangka mbaliyut badhe tilêm, punika kêdah kacêgah, sumêlang manawi kalajêng pêjah.

Radèn ngantèn: "Sampeyan racikakên ta."

"Nya. - Mbakyu, pun bayèk punapa sampun kenging kula tilêmakên?"

"Sampun. - Mbok Sandilata, galo wis diturokake ngambèn si bayèk. Gêbyakên ta."

Sandilata: "Inggih. - Dah byag, dah byag, dah byag."§ Swaraning panggêtak sarta swaraning ambèn, kaping tiga, watakipun ing têmbe mbotên kagetan.

...

Nyai ajêng: "Gêdrug, mbok Karyaboga undangên mrene, arêp dak prentahi apa-apa."

Gêdrug: "Inggih. - mbok, kowe ditimbali ndara sêpuh."

Karyaboga: "Lênggah ana ngêndi?"

"Isih ana ing ndalêm."

Nyai ajêng: "Mbok, gawea slamêtan brokohan saiki."

Karyaboga: "Wêrni mênapa, ndara?"

"Kêbangêtên kowe kuwi, busukmu, ana wong wis anak-anak ora sumurup slamêtan brokohan, sêga asah ... "

"Mênapa, ndara, sêkul asah mênika?"

--- 25 ---

"Kêbangêtên têmênan, mbok, kowe kuwi, wis ta, tak muni bae rungokna. Sêga asah mono sêga Jawa diambêng, diwadhahi ing tampah, iwake kêbo siji, têgêse: iwak daging sathithik, sarupaning jêrohan sathithik-sathithik sarta mata siji, iku aran: iwak kêbo siji, nibakna dhuwit patuku mênyang jagal, dhèwèke wis mangrêti. Karo pêcêl pitik jangan mênir. Ora ngrêti?"

"Ngrêtos, ngrêtos, ndara, sampun."

...

Sasak: "Ibune, aku tak mulih bae, kowe ngrungkêba kari, aku yèn bêngi bali ngêlèki."

Nyai ajêng: "Mangga mawon, mangsa boronga ing griya, mang dhawahake têng si ndhuk mawon."

"Iya."

Bêndung: "Aku iyo ngono, ibune."

Mas ayu: "Ênggih."

...

Mas ayu: "O, o, mbakyu, pusêripun pun bayèk coplok."

Nyai ajêng: "Pundi?"

"Punika."

"Sampun puput, punika, kaparingakên kula gêdhongipun. - Mbok Jagakarsa, jupukna tenong dadahan kuwe."

Jagakarsa: "Mênika."

"Kowe rak wis dak prentahi ndokoki mrica sajodho ginawe mbuntêti bolonging pusêr? Jêbul kang kodokokake iki: tumbar."

"Èngêt kula tutuping pusêr punika, mênawi lare jalêr: kêtumbar, lare èstri: mriyos."

"Kaelinganmu kuwe kuwalik blêjêt, bênêre yèn bocah lanang: mrica, bocah wadon: kêtumbar. Wis ta, jupukna mrica sajodho bae."

"Inggih. - Mênika."

"Kene. Kowe apa wis gawe bubukan sari?"§ jêmbuling sêkar nagasari kagorèng ing sangan lajêng kalawêd.

--- 26 ---

"Sampun, kula dèkèkakên ing cupu alit punika."

"Lungna. Kowe apa wis prigêl ndublag? Si bayèk wis ngumur sapasar wiwit kêna didublag!"

"Dèrèng patos prigêl, ndara."

"Wis ta ulêtna sêga lêmês ing bathok bae sathithik sing lêmbut bangêt, lan bakarna brambang, kambi njupuka gêdhang ambon tuwin gula krambil, ing salah sawiji worna ing ulêt-ulêtan sêga lêmês mau gênta-gênti. Esuk karo brambang, awan karo gêdhang, lan sore gula krambil."

"Inggih sandika."

"Mbok Karyaboga!"

Mbok Karyaboga: "Kula."

"Kowe blanjaa mênyang pasar, ginawe slamêtan sapasaran, lan kabênêr pupute si bayèk. Dhèk mau pusêre wis coplok mêngko bêngi jagongan."

"Inggih. Wilujênganipun rak namung sêkul janganan, jênang abrit, jênang baro-baro tuwin jajan pasar kemawon ta, ndara."

"Gene kuwi baut, iyo wis bênêr kabèh, wis mêtua, ndaramu dèn bèi aturana rene."

"Inggih. - Ndara, panjênêngan dipun timbali ibu jêngandika ndara nyai."

Tangkilan: "Ibu ana ngêndi?"

"Lênggah wontên ing gandhok."

Tangkilan: "Wontên mênapa, bu, nimbali?"

Nyai ajêng: "Gilo pusêre anakmu rawatana, besok dak kandhani gawene. Karo aja mung mikir bakal dhayohmu mêngko bêngi bae ta, sarat-sarat uga pikirên."

"Mênapa, bu, saratipun?"

"Omahmu awêrana lawewênang mubêng, lawang omah pada dokokana godhong girang, godhong widara, godhong lolan, godhong nanas, nganggo lorèng-lorèngana ênjêt lan angus

--- 27 ---

ginawe êlêt, dadi kaya rupane ula wêlang. Apa dene dokokana ri kêmarung, iku dadi panulake sarap-sawan aja kongsi wani malêbu ing omah, wêdia dening sarana iku."

Sarap-sawan

"Sarap-sawan punika punapa ta, bu, kula rak dèrèng trang cariyosipun."

"Sarap-sawan mono saikine lêlêmbut, kadadian saka anake puthut Jantaka, maune arupa kewan: 1. Sapigumarang, luguning anake puthut Jantaka; 2. Kuthilapas, kadadian saka bungkus; 3. Cèlèngdêmalung, kadadian saka kawah; 4. Asuajag, kadadian saka ari-ari; 5. Kalasrênggi (banthèng), kadadian saka gêtih; 6. Kalamurti (kêbo), kadadian saka pêlêm; 7. Kalarandhing (mênjangan), kadadian saka ilu; 8. Kalawêlakas (kidang), kadadian saka kunir landhêsan pangêthoking ari-ari; 9. Tikusjinada, kadadian saka coplokan ari-ari; 10. Taliwangke, kadadian saka ususing ari-ari.

Kabèh iku dadi sarap-sawaning bayi, nggolèki panuksmaning Sri, iku kang kinuya-kuya arêp karabi, sirna dening Wisnu, banjur dadi sarap-sawan. Karo gawea dolanane sadulure si bayèk kang lair barêng sadina, kang mêtu ing marga ina, kakang kawah adhi ari-ari, gêtih pusêr kalima pancêr."

"Kula kok inggih dèrèng sumêrêp têgêsipun sadhèrèk ingkang lair sarêng sadintên, mêdal ing marga ina punika?"

"Wong gênah ngono kok ijik takon. Kakang kawah, têgêse: kawah kang mêtu dhisik; adhi ari-ari, sok ana ari-ari iya mêtu kèri, nuli gêtih lan pusêr, kalimane pancêr: si bayèk. Karodene kuwi rak wis kasêbut ana ing layang kidungan."

Kidungan

"Sampeyan mênapa apil, bu?"

"Apal manèh, têmbange dhandhanggula, rungokna tak urak-urakake:

--- 28 ---

ana kidung kêkadang prêmati / among tuwuh ing kuwasanira / nganakakên saciptane / kakang kawah puniku / kang rumêksa ing awak mami / anêkakakên sêdya / pan kuwasanipun / adhi ari-ari sira / amayungi laku kuwasanirèki / angênakkên pangarah //

punang gêtih ing raina wêngi / angrowangi Allah kang Kuwasa / andadèkakên karsane / pusêr kuwasanipun / nguyu-uyu sêmbawa§ Nguyu-uyu: ngrêrêngga, jumurung. Sêmbawa: sêmbada, pantês, prayogi, bagus, nglêngkara. Nguyu-uyu sêmbawa: jumurung marang kang pantês utawa prayoga. mami / nuruti ing panêdha / kuwasanirèku / jangkêp kadang ingsun papat / kalimane pancêr wus dadya sawiji / nunggal sawujud ingwang //

yèku kadang ingsun kang umijil / saking marga ina§ Marga: dalan, turutan, lêstari. Ina: nistha, cacad, kuciwa, kurang, tuna. Marga ina: dalam[dalan] nistha (mêtu ing kuwadonan) . sarêng samya / sadina awor ênggone / sakawan kadang ingsun / ingkang nora umijil saking / marga ina punika /

--- 29 ---

kumpule lan ingsun / dadya makdum sarpin§ Makdum: ora ana. Sarpin: rêsik, lugu. Makdum sarpin: ora ana lugu, utawa rêsik ora ana. Têgêse: wayangan putih = Mayangga Seta, mriksanana: Wirit R. W. sira / wêwayangan ing dat rêke dadya kanti / saparan datan pisah //

yèn angidung poma dèn mêmêtri / mêmulea kang golong lêlima / takir ponthang wêwadhahe / iwak-iwakanipun / iwak tasik rawa myang kali / sarta iwak bêngawan / mawa gantalipun / rong supit winungkus samya / apan dadya satunggal arta sadhuwit / sawungkus-wungkusira //

tumpangêna nèng ponthang nyawiji / dadya limang wungkus pontang lima / sinung sêkar cêpakane / loro saponthangipun / kêmbang borèh dupa ywa lali / mêmêtri ujubira / donganipun mahmut / poma dipun lakonana / sabên dina nuju kalairannèki / agung sawabe uga //

balik lamun nora dèn lakoni / kadangira pan padha ngrêncana / têmah udrasa ciptane / sasêdyanira wurung / lawan luput pangarahnèki /

--- 30 ---

sakarêpira wigar / gagar datan antuk / sing kurang tumêmênira / madhêp laku iku dèn awas dèn eling / tamating kêkidungan //

"Sapunika kula sampun mangrêtos. Mênggah dolananipun punika rak salimrahipun kemawon ta, bu, kados ta: umbul-umbul, gêndera, songsong, sami dalancang, sarta kêrisan tuwin tumbakan dipun tancêbakên ing gêdêbog."

"Iya, kaya mangkono kuwi, karo mêngko bakda ngisa nganggo ngunèkna mrêcon, tandha yèn wis puput."

"Inggih."

Pujian

"Kala mbok Sandilata madhahi ari-ari ing kêndhil rumiyin punika mawi puji, nanging botên dumugi, aturipun dhatêng sampeyan supe lajêngipun, punika sampeyan punapa inggih sagêd, bu?"

"Bisa manèh."

"Mangga kula aturi ngurak-urakakên malih."

"Ah, êmoh."

"Botên, bu, mangga nèh, badhe kula sêrati wontên ing primbon, kok."

"Gajêge ngene:

bêbukane golang-galing kaki / putu banthèng wulong / kaki among nini among kiye / lah tunggunên gusti arsa guling / sira sun opahi / kang satriya mujung //

kakang kawah adhi ari-ari / payo padha nglumpok /

--- 31 ---

mbok nirbiyah latdiyah dèn age / bathok bolu uyahe ywa kari / lan dhuwit rong dhuwit / dome aja kantun //

bêras abang lawan lênga wangi / lan gantale loro / têtulisan Ngarab myang Jawane / lêbokêna ing kêndhil tumuli / sinrêbedan putih / sakarsa linabuh //

kutu-kutu walangtaga sami / barêng lair ingong / kang gumrêmêt kang kumêlip kabèh / lah tunggunên gusti arsa guling / sira sun opahi / jênang sungsun têlu //

dandanane saking suwarga di / bathok isi konyoh / bathok tasik tapêl myang pupuke / ana nggawa bokor lawan kêndhi / ana nggawa maning / kêbut lawan payung //

midadari gumrubyug nuruni / pra samya amomong / ana tunggu ing kanan keringe / ana nggawa kasur lawan guling / kajang sirah adi / kêmul sutra alus //

--- 32 ---

yèn ana bayi nangis ing wêngi / binêktaa gupoh / marang latar pojok lor prênahe / pra lêluhur rawuh anyuwuki / mênêng aja nangis / jabangbayi turu //

"Nuwun, bu."

Bayi puput kapangku

Nyai ajêng: "Mbok Jaga!"

Jagakarya: "Kula."

"Kowe sing rada rigên, mêngko si bayèk rak dipangku para sêpuh gênta-gênti nganti sawêngi esok lagi kêna diturokake. Ing paturone dokokana sarana, kowe rak wis sumêrêp adate, ta?"

"Sampun."

"Apa?"

"Gandhik kacorèk ing apu kaistha tiyang, mawi irung, cangkêm tuwin mata, lajêng dipun gêdhong cara bayi, katilêmakên ing pasareanipun ingkêng wayah, wontên ing tampah kalèmèkan godhong senthe. Punapa inggih makatên?"

"Hê-êm, wis kabênêran."

"Ambak-ambak kula dèrèng sumêrêp têgêsipun, amung grubyug tembo piwulanging têtiyang sêpuh makatên."

"Têgêse sarana mau mangkene: puputing bayi iku sarap-sawan padha têka, sire arêp ngêrah utawa misesa bayi, ora sumurup kêliru gandhik, nganti sawêngi sêdyane tanpa dadi, gandhik ora pasah kinêrah, banjur padha lunga kapok ora bali-bali, ora wêruh yèn bayine ora ana ing paturon, pinangku ing wong."

"Kok busuk inggih, ndara, lêlêmbat punika, taksih kenging dipun apusi?"

"Iku dhêmit dhèk ing jaman kuna, yèn ing saiki ayake wis

--- 33 ---

pintêr-pintêr. - Pak, wayahe si bayèk mang wasiyati nama, ta, niki êmpun sapêkên sarta êmpun puput."

Sasak: "Iya ta, bêcike njupuk jênênge bapak biyangne, tak jênêngake radèn bagus Suwarna bae, prayoga."

"Ênggih, kula êmpun ndhèrèk rêmên. - Bèi, anakmu diparingi jênêng: Radèn Bagus Suwarna."

Tangkilan: "Inggih nuwun."

Nyai ajêng: "Mbok Karyaboga, gawea slamêtan jênang abang, ginawe nylamêti kêpyake jênênge si bayèk, kaarana: Radèn Bagus Suwarna."

Karyaboga: "Inggih sandika."

Ulêm jagong gadhah anak

Tangkilan: "Satsraubaya,Sastraubaya. gawea layang ulêm-ulêm mênyang kanca sawatara, anaa priyayi salawe, gêdhene mênyang têlung puluh. Ngaturi uninga olèhku duwe anak, lan mêngko bêngi kabênêr sapasare, tak aturi pinarak tirakatan. Ulêm samono mau têka saparo bae wis bêgja."

Sastraubaya: "Mugi kaparingan ngèngrèng."

"Lah, mbok kono kok-urêk-urêk dhewe, mêngko tak owahane yèn kurang kêpenak."

"Inggih sandika."

Sêrat saha ingkang taklim, Ngabèi Tangkilan, katur panjênênganipun ingkang rayi Radèn Ngabèi Dêmang Malang.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula ngaturi uninga nalika ... tiyang èstri rêncang lare mêdal jalêr, saking pangèstu sampeyan ginanjar wilujêng sadayanipun."

Ingkang punika manawi ndadosakên dhangan ing panggalih saha sêla padamêlan, mangke dalu panjênêngan sampeyan kula aturi pinarak tirakatan dhumatêng ing griya kula, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat kaping ... Ingkang raka ngabèi

--- 34 ---

"Punika sampun."

"Kene. Wis kapenak kabèh, mung têmbung: pangèstu, salinana: pamuji, awit kaprênah nom. Yèn kaprênah tuwa nganggo têmbung: pangèstu. Banjur pacakên, yèn wis rampung kabèh bae tak tèkêne."

"Inggih sandika."

...

Sasak: "Bèi, kowe apa nganggo ngatur-aturi?"

Tangkilan: "Botên, namung kanca sawatawis."

Sastraubaya: "Punika panggarap kula ulêm sampun rampung."

Tangkilan: "Êndi, tak tèkêne kabèh. Nya, banjur lakokna saiki, panakawan bae kabèh konên nglakokake, warahên: yèn tinêmu sare, konên ninggal aja diêntèni."

Glêdhêg, glêdhêg.

Tangkilan: "Punika kados rayi sampeyan bapak Bêndung, rawuh."

Sasak: "Pêthukên, ta."

"Nun inggih. - Punika raka ijêngandika sampun rawuh lênggah wontên ing griya, lajêng dhatêng ing griya kemawon rumiyin."

"Apa wis suwe kangmas rawuhe?"

"Dèrèng dangu."

Sasak,: "Ngriki, dhi, cêlak kula kemawon."

Bêndung: "Inggih. - Dèn bèi, mêtua nèk ana dhayoh, aku ana ngomah bae wong wis tuwa nèk ngewuh-ewuhi bêcik tunggu bayi bae karo kangmas."

Tangkilan: "Nun inggih."

Nyai ajêng: "Pak, samang mangku kriyin ta, didamêl sarat, mangke tumuntên kang rayi, tumuntên ibune, kula ngantuni mawon, mangke pukul-pukul tiga panggenan mbliyut."

Sasak: "Iya ta, sing duwe putu lanang gothot sapa, athik nganggo wêdi mbliyut?"

"Milane."

--- 35 ---

Manggihi tamu dhatêng

Tangkilan: "Mangga, mangga, kados sêmadosan, gumrubyug sêsarêngan."

Tamu: "Lasar inggih kangsèn kala wingi sagêda sarêng dhatêng pukul sanga, botên wontên ingkang mbrondong."

"Mangga, wedangipun sami kaunjuk."

"Inggih."

"Kaparêng lênggah kasukan, kangmas?"

"Prayogi, nanging kula pèi kemawon."

"Adhi?"

"Kula sêtotêr, kangmas."

"Pun anak?"

"Kula kêrtu gangsal, bapak."

"Mangke, mangke, kula tatanipun."

...

Sigêg, wanci pukul 1 pisêgah sêkul ladha pindhang mêdal, lêgi-lêginipun pisang mas, lajêng bibaran, namung ingkang kasukan pèi lajêng, ngantos dumugi enjing sawêg bibar.

Bibaran jagong sapêkên

Nyai ajêng: "Mbok Karyaboga, mêngko kowe gawea ambêngan slamêtan sapasar."

Karyaboga: "Inggih sandika. Rak namung sêkul janganan, jênang kalihan jajan pasar kemawon ta, ndara?"

"Iya. - Pak, kula ajêng mantuk ngasokake badan, wong êmpun sapêkên prasasat botên sagêd nglêgèyèh, gêntosan kalih kêng rayi mas ayu. Beda kalih sampeyan tuwin kêng rayi Mas Bèi Bêndung, mung rawuh sabên dalu mawon, sanajan mungoni, nanging bêdhug êmpun bibar. "

Sasak: "Iya ta, wong wis jênêng ora ono pagawean. Pamonge si bayèk wis ana: mbok Jagakarsa, sarta esuk-sore isih didadah ing dhukun mbok Sandilata, bakal nganti salapan dina, kaya wis ora ana kang dadi ati."

--- 36 ---

Mas ayu: "Kula inggih ndhèrèk badhe mantuk, mbakyu, pancèn sampun badhe kumêcap nyuwun pamit ing sampeyan, kasêlak sampeyan ngandika badhe kondur."

Nyai ajêng: "Inggih ta."

"Sayêktos, mbakyu, kalihan kêng rayi dintên punika badhe saos."

Sasak: "Ayo ta, saiki bae sisan mêtu Pasar Kliwon, ngiras ngampirake adhimu mas ayu. - Wis ta, ndhuk, aku mulih karo ibu-ibumu. Bojomu isih turu ana ing pandhapa karipan olèhe nêmoni dhayoh mau bêngi."

Radèn ngantèn: "Inggih. Ibu benjing-enjing kula aturi wangsul."

Nyai ajêng: "Apa niyat mulih mung dianggo sarat bae?"

"Mang mawon ta, bu?"

Mas ayu: "Suthik."

Bayi umur salapan

Radèn ngantèn: "Mbok Karyaboga, dina iki salapane putumu dèn bagus, gawea slamêtan tumpêng lan inthuk-inthuk,§ Bathokbolu (bolong ngandhap) dipun lambari godhong lajêng dipun dèkèki arêng jati sarta katul, lajêng dipun tumpangi godhong malih, lajêng dipun sèlèhi uncêt (pucuk tumpêng) . Pucukipun dipun tancêpi brambang tuwin lombok abrit, tigang gumlundhung. sajèkna ing dagan paturoning bayi tumpangna ing papon. Lan sabanjure ing têmbe buri yèn si thole kanginan, gawèkna inthuk-inthuk kaya mangkono mau, ora susah tak prentahi manèh. Mangkono manèh sabên wêtone tinêmu ganjil, kaya ta: 3, 5, 7, 9 lapan, gawèkna tumpêng kaya saiki, nanging yèn tinêmu gênêp: 2, 4, 6, 8, 10 lapan, ora, mung tukokna sêga janganan bae: sêtêlon, awit wêtone si tholê Slasa Lêgi, upama Sêtu Paing iyo 9 dhuwit. Mêngko sibu rak nuli rawuh, yèn durung korakit, kowe didukani."

Karyaboga: "Inggih sandika. Punika kados swaraning kareta. Lha inggih ibu ijêngandika rawuh. Kula mêdal, ndara."

"Iya."

Nyai ajêng: "Ndhuk, si thole êndi?"

--- 37 ---

Radèn ngantèn: "Dipun êmban pun Riwug, wontên ngèmpèr kilèn, kados badhe tilêm."

"Kêbênêran arêp dak cukur, iki wêtone, sarta wis dak sangokake lading panyukuran pisan. Dak mrana bae sadhela. - Êndi, Wug, dak cukure."

Riwug: "Mangga."

Nyai ajêng: "E, Sèdhêt, jupukna sabun kae dirikat!"

Sèdhêt: "Inggih. - punika."

"Lah, wis bagus, rêsik durung nglilir. - Bèi!"

Tangkilan: "Kula."

"Gilo, iki rambute anakmu cukuran sapisan rawatana, tunggalna dadi siji karo taine kalong lan coplokane pusêr. Prêlune ing têmbe mburi yèn anakmu wis gêdhe, gawèkna ali-ali giligan, mas utawa suwasa, bobote satai kalong lan sarambut cukuran sapisan winor dadi siji. Dene coplokan pusêr iku, yèn ana karêpe anakmu dhêmên marang aji jaya kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda, coplokan pusêr iku dèn untala, Insya Allah dadi kêdhotan, sakèhing gêgaman kang tumiba ing awake mêsthi kalis ora bisa tumama. Karodene manèh bakal aduse patang puluh dina bojomu, mung kurang patang dina, iku kogêdhe apa ora?"

"Mbok inggih namung mêndhêt saprêlunipun kemawon, kadospundi, namung wilujêngan sêkul janganan sarta ngaturi para sêpuh sawatawis nguningani ing adusipun, tiyang kala tingkêb sampun kaagêngakên, kalihdene malih adus kawandasa dintên kaagêngakên, punika rak anggenipun tiyang agêng, manawi tiyang alit ingkang dipun agêngakên tingkêban. Ewadene kula namung ndhèrèk karsanipun ibu."

"Iya ta, wis, mung dijupuk prêlune bae."

Radèn ngantèn: "Mbok Karyaboga, kowe mêngko gawea slamêtan sêga janganan, kaya adat. - Lan kowe, mbok Jagakarsa, gawea banyu kêmbang sataman sarta landha mêrang banyu asêm nganggo kêmbang sing wangi-wangi, banjur dokokna ing

--- 38 ---

jamban pasiraman kulon. Mêngko aku arêp adus kramas kabênêr patang puluh dina, ibu-ibu kang bakal rawuh mrene."

Botên kacariyosakên patrapipun, amargi namung adus salimrahipun kemawon, namung kaot wontên ing toya sêkar sataman, sarta lajêng ngadi busana, agêganda, agêlung sêkar.

Wilujêngan 2, 3, 4, 5, 6 lapan, kajawi sêkul janganan, botên wontên, mila botên kacariyos.

...

Radèn ngantèn: "Mbok Karyaboga, mêngko pitung lapan utawa pitung wêtone putune dèn bagus: tumbuk wuku, bakal mudhun lêmah, gawea sêga janganan kaya adat. Lan gawea juwadah 7 têtêl warna 7: abang, irêng, biru, kuning, putih, wungu lan jambon. Têtêlane sing cilik-cilik bae. Wis ta, nuli lakonana."

Karyaboga: "Inggih sandika."

Mudhun lêmah

Paribayungan: "Kula nuwun, ndara."

Tangkilan: "Majua bae, pak."

"Nun sampun, ndara, punika kula ngaturakên pamundhut sampeyan uwos para dhahar saha tambangan tuwin sambêran, kangge wilujêngan pitung lapanipun putra sampeyan, kalihan pantun tuwin jujutan sakêdhik, punapadene rosan rêjuna tigang lonjor, kangge isarat mêdhun siti. Punapadene malih kula ngaturakên pasumbang babaran saprapat paos."

"Bêrase pirang dangan, pak, ?"

Ingkang para 10 bêthakan, ingkang dhahar 5 bêthakan."

"Bèbèk pitike?"

"Kambangan 2, sambêran kêmanggang 4."

"Wis cukup samono bae. Bêras lan bèbèk pitike pasrahna marang mbok Karyaboga, têbune gawenên andha, kang rong lonjor dadi adêg-adêg, kang salonjor kêthokana sacêngkang-cêngkang ginawe untune, dokokana sujèn kiwa têngên,

--- 39 ---

tancêbna ing adêg-adêg mau. Yèn wis dadi pasrahna paranyaine sibu, aran Si Sèdhêt, warahên mêngko yèn sibu wis rawuh konên ngaturake, karo pari lan kapase iku pisan, dhuwite etungên ing kono."

"Inggih sandika. Punika ndara, sampun jangkêp."

"Pira?"

Tigawêlas-têngah ringgit prah (f 25, - ) ."

"Pajêge rak 50 reyal 27 wang."

"Lêrês, mila saprapatipun 12½ ringgit."

"Ê, iya. reyalane kok gèsèh?"

"Mênawi ladosan pasumbang rajapundhut sasaminipun namung ngladosi reyalan prah, ingkang kêdah reyalan sêpuh, namung paos."

Ya wis ta, tinggalên ing kono bae. - Nimpuna!"

Jayanimpuna: "Kula."

"GuloGilo. dhuwit pasumbang saka bêkêl Jêthis, tunggalna karo dhuwit pasumbang liyane kang pancèn ora mêtu."

"Inggih sandika."

...

Paribayungan: "Nigilo, Yu, bêras para dhahar, bèbèk pitik king kula, dhawahe ndara bèi ndikakake masrahake têng ndika."

Karyaboga: "Bêrase mang dèkèk ing dobong mawon pisan, para awor para, dhahar awor dhahar, bèbèk pitike mang lêbokake ing kandhang ngriku."

"Ênggih. - Gilo, Dhêt, andha têbu, pari satêkêm lan kapas sadhompol, caosna ndara nyai mêngko nèk wis rawuh, saka dhawahe ndara bèi."

Sèdhêt: "Pundi?-Mênika, ndara, andha têbu, pantun tuwin kapas saking ngajêngan, dhawahipun raka ijêngandika kadhawahan ngaturakên ibu jêngandika ndara nyai mangke mênawi sampun rawuh."

Radèn ngantèn: "Dokokna ing kono bae dhisik sibu rak nuli rawuh. Lha kae apa, wis rawuh ana ing latar, ibu nyai karo ibu mas ayu."

--- 40 ---

Nyai ajêng: "Ndhuk, kowe wis mirantèni slamêtan sarta sarat-sarat?"

"Wilujêngan sampun, ibu, namung isarat sawêg jadah warni pitu, andha têbu, pantun sarta kapas sampun wontên, toya sêkar sataman inggih sampun wontên."

"Bêras kuning saisine?"

"Punika dèrèng, pancèn kula sumanggakakên ibu."

"Lah iki wis dak gawakake pisan saisine: anggris, rupiyah, wukon, talèn, sarta dinar mas, utawa anggris rupiyah, wukon sarta talèn salaka wis pêpak kabèh. Rajabrana sing prêlu-prêlu iyo wis ana: gêlang, kalung, kroncong, ali-ali sapanunggalane. Wis ta ayo nuli dikur-kuri, si thole êmbanên."

"Inggih. punika kêdah mudhun kemawon, ibu."

"Ta wis dhunna, dhasar arêp didhunake, - Rene, rene, le, rene. Mêngko tak tetahe cikbèn ngidak-idak jadah kuwe. La iya, nggèr, mêtu kene wong bagus, ayo sikile munggah ngandha. We, sêmpèl untune, kurang bakuh olèhe nancêbake. Munggah manèh, mungahmunggah. manèh, nggèr sikile. We, sêmpèl, manèh. Wis, wis. Wis bubrah. - Kuwi, ndhuk, kurungane, kurungna kene. - Gilo, gilo bokore nggèr, nggonên dolanan. We, pari karo kapas sing dijupuk, besok dadi pyayi desa bêkêl bumi pangrêmbe. Wis, wis, rene nggèr, adus, banyu kêmbang sataman, cikbèn bagus. - Kene sayake sêmbagi putih kuwi, gêlang kalunge diênggo ya, nggèr, wah baguse.§ Punika wiwitipun bayi kenging ngangge mas intên. Kene, kene linggih klasa pasir. - Dhi, mas ayu, bokoripun punika sampeyan pêndhêt mriki, sampeyan kur-kuri pisan."

Mas ayu: "Inggih. - Kur, kur, kur,§ Nguwur-uwurakên wos kuning ingkang dipun wori yatra mas, salaka tuwin rajabrana. njupuk apa, njupuk apa? We, anggris êmas sing dijupuk, besuk bakal brèwu."

Nyai ajêng: "Sampun dumugi, dhi, bibaran."

--- 41 ---

Nyatauni

Radèn ngantèn: "Mbok Karyaboga, mêngko kowe gawea tumpêng kaya adat, nyêtauni putumu si thole."

Karyaboga: "Punika rak dede dintên Slasa Lêgi tingalanipun putra sampeyan ndara dèn bagus ta, ndara."

"Busuk kowe kuwi, tingalan taun iku ora metung dina pasarane mung metung tanggaling laire pêndhak 12 sasi, kaya ta: bocah lair sasi Rabingulakir tanggal ping 10, wêtone taun iyo besuk Rabingulakir tanggal ping 10, etunging taun loro, nanging ganêping sasi lagi 12 = sataun bênêr. Yèn tingalan wukon metung tumbuking wuku, upama laire wuku landêp, besok wuku landêp manèh ing dina pasaran laire ing kono ta mêsthi ana, iku kabênêr wêtone, petunge bênêr 6 lapan, 8 sasi lumaku. Karodene manèh kowe gawea jênang gaul, nylamêti wêtuning untune si tholê."

"Kok kasèp têmên ta, ndara, sawêg dipun wilujêngi sapunika. Èngêt kula wêdaling wajanipun putra sampeyan ndara dèn bagus sampun kala sawêg yuswa 8 mênawi mbotên 9 wulan."

"Bênêr, nanging lumrahe olèhe nggauli yèn wis sataun, barêng lan nyatauni."

"Ê, kajawi ta, jênang gaul wau warni punapa, ndara?"

"Glêpung bêras worana glêpung kêtan sathithik, banjur ulêdên karo banyu, banjur ginawe giligan sadriji-driji, banjur dikêthok-kêthok saprayogane, banjur dikukusake dang. Yèn wis kêkêl diêntas, kang saparo dicêmplungake ing juruh santên dadi gaul abang, saparone dicêmplungake ing santên bae dadi gaul putih, banjur digodhog kang nganti tanêk. Yèn wis matêng diwadhahi: nganggo didokoki santên kanil. Apa kowe wis mangrêti?"

"Sampun, ndara, punapa lajêng damêl sapunika?"

"Iya, sarta yèn wis rampung banjur wadhahana ing takir pisan, gawea rong ambêngan bae."

"Inggih sandika."

--- 42 ---

Nyapih

Nyai ajêng: "Bèi, dhawahe bapak, si thole ndikakake nyapih, awit umure wis nêmbêlas sasi lumaku iki. Bocah lanang yèn kakehan banyu susu iku kêthul atine."

Tangkilan: "Punapa mbotên tasih kalitên, ibu?"

"Ora, wis sêdhêngan. Wêwatoning panyapih iku yèn bocah lanang 15 sasi têtêp, utawa 16 lumaku. Yèn bocah wadon, 18 sasi têtêp, utawa 19 lumaku."

Radèn ngantèn: "Raosing manah kula taksih awrat sangêt, ibu, mêsakakên dening taksih alit, iba badhe budinipun, kula badhe tansah kamiwêlasan, mbotên kolu ningali."

"Sing ora mêsakake sapa, kandhamu kuwi. Nanging bakal mêsakake êndi karo têmbene anakmu kêthul atine? Karo kang mangkono iku rak wis digalih bapak. - Mbok Jagakarsa!"

Jagakarsa: "Kula."

"Kowe gawea pirantine wong nyapih bocah, dèn bagus mêngko sore arêp tak sapih."

"Inggih sandika. Warni punapa, ndara?"

"Rungakna sing têtela, tak kandhani:

1. jamu kunir, tumbar, trawas, mêngko tak cêkokne§ Njampèni lare kairasakên wontên ing cangkêm kalayan jampi ingkang sampun kapipis lêmbat, kabuntêl ing suwekan mori pêthak, toyanipun kaêpuh. dhewe, karo ênjêt sathithik digawe ngadoni ampas jamu iku kanggo tapêl;

2. larik dringo lan bawang, dipipis banjur dilawêd sing alus, dokokana obong-obongan sungu kêbo, rambut wong, cucuk, kuku lan kulit rêmpêla pitik, dikongsi gosong, banjur digêrus, dibanyoni dubang wurung;

3. pupuk dhadhapsrêp, upa lan uyah sawuku, dipipis banjur dilawêd sing lêmbut;

4. wêdhak, parêm lan pupur;

--- 43 ---

5. ombèn-ombèn banyu dhukut sèwu§ Bubukan banon sarta ampo kalêbêtakên ing toya tawa ing pangaron enggal, lajêng dipun cêmplungi agêl sakuwêl minangka saringanipun. Toya wau kapêndhêt bêningipun kemawon, lajêng kailing ing kêndhi enggal, raosipun antêp sarta asrêp. utawa wedang lêgon dhadhap.§ Godhong dhadhap srêp ingkang garing minangka tèh, sarta babakanipun kagodhog sarêng.

Wis ora lali kabèh?"

"Kados botên."

"Wis ta banjur tandangana."

"Inggih sandika."

"Mbok Sandilata wayah mene durung têka?"

Radèn ngantèn: "Mangke sakêdhap kados dhatêng. Lah punika sampun katingal."

"Mbok Sandilata, mêngko sore putumu arêp dak sapih, nuli gêgêlana§ Pijêt nglêmêsakên wêtêng. ta, lan dadahên cara bayi cilik, cikbèn kapenak awake."

Sandilata: Inggih sandika. Kaparingakên, nun. - Mênika sampun, ndara."

"Rènèkna dak cêkokane, sisan olèhe nangis. - Wis, wis, nggèr, wis. - Nya, ndhuk, si thole iki gujêngana dak tapêlane ampas kunir iki, êndi ênjête kuwi. Donok ditapêli bae nangis manèh. - Wis, wis, nggèr wis. - Nuli susonana ta."

Radèn ngantèn: "Mik, mik, nggèr, mik, ."

"Ndhuk, saiki wis surup, olèhe nusu anakmu apa wis warêg?"

"Kados sampun, bu, mêntas dipun dadah punika wau lajêng ngêbêb kemawon, kados sakeca badanipun karaos ngêlèh."

"Wis ta, kene dak êmbane, kowe ndêlika aja katon-katon manèh, anakmu nèk nganti wêruh mêndhak beka. Athik nganggo nangis, kuwi bocah apa ta? Wis mranaa."

"Inggih."

--- 44 ---

"Mbok Jagakarsa, sangisoring wit gêdhang mburi mau apa wis kodokoki pêngaron isi banyu kêmbang sataman?"

Jagakarsa: "Sampun, ndara."

"Pangarone apa wis kolèlèti tape kaya wêkasku?"

"Dèrèng."

"Genea?"

"Kêsupèn."

"Kowe kuwi lalèn têmên ta, nuli lèlètana, iku sarat masrut prêlu, ora kêna kêlalèn. - Mangga, dhi, pun thole dipun ubêngakên ing griya."

Mas ayu: "Mangga. Sampun jangkêp kaping tiga, mbakyu?"

"Dèrèng, sawêg kenging kapetang kaping kalih, awit ubêngipun wiwit saking griya, dene ingkang kadamêl baku kapetang mubêng saking wit pisang, bilih sampun têpung gêlang tigang ubêngan, sampun. Lah sapunika sampun jangkêp, kula jêglugne sirahipun: glug, glug, glug.§ Swaraning sirah kajêglugakên ing wit pisang kaping tiga, lajêng dipun dongani, mèlipun: "Sang wewe putih, dak jaluk gawemu, sapihên anakmu si jabang bayi, aja kotêtangis sarina sawêngine, lalèkna nyang biyunge, aja mulat tenge, yèn ora wêruh githoke dhewe, yèn wis sapasar kowe dak opahi tape sapikul."Mila pangaronipun dipun lèlèti tape, pratandha yèn badhe suka epahan tape. - Mbok Jagakarsa, banyu kêmbang sataman iki tutupana sing bêcik, yèn wis sapasar arêp diênggo ngêdusi si thole, sêdhêng wis rapih."

Jagakarsa: "Inggih sandika."

"Mbok Karyaboga, kowe wis gawe sêga sarat diênggo ndulang dèn bagus?"

Karyaboga: "Dèrèng, ndara, kula kêsupèn. Warni punapa?"

"Kowe kuwi barang-barang lali. Sêga thok sacêthing cilik, lawuhe mung bakaran êndhog, tanpa apa-apa manèh. Apa iyo kowe lali manèh?"

"Botên, botên, ndara, botên. Sapunika sampun mbotên supe malih."

--- 45 ---

Tumbuk 33 taun

Kacariyos Radèn Ngantèn Tangkilan sarêng anakipun Radèn Bagus Suwarna sampun dipun sapih, lajêng wawrat, dumugi ing mangsa gadhah lare mêdal èstri, dipun sukani nama dhatêng êmbahipun Mas Ngabèhi Bêndung: Radèn Rara Suwarni. Lampah-lampahipun botên kacariyosakên amargi namung wor misah prasasat botên wontên sanèsipun. Sapunika ingkang kacariyosakên lare jalêr èstri kakang adhi dumalundhung mbotên wontên sangsayanipun, kalis ing sakit, enggal agêng kados ingêdusan ing toya gege, umur 2, 3, 4, 5, 6, 7, 8, 9 taun, mbotên kacariyos, . Ingkang jalêr samangke umur 12 taun, ingkang èstri umur 10 taun.

Tangkilan: "Ibune!"

Radèn ngantèn: "Kula."

"Wêtonku tumbuk umur33 taun, slamêtane apa wis kopikir?"

"Rak siyos benjing tanggal ping 7 wulan Rabingulakir ngajêng niki, ta?"

"Iya."

"Saniki tanggal ping 27, têsih kirang 10 dalu."

"Rak ya wis cêdhak."

"Mawi napa ta, rak ênggih ming wilujêngan sêkul janganan mawon, pintên dangune?"

"Karêpku arêp dak gêdhe nganggo ngatur-aturi kanca, nanging sisan wragade anakmu si ndhuk arêp dak sunatake pisan, awit wis sêdhênge umur 10 taun, besok, têtake anakmu si thole iya bakal dak barêng karo tumbukmu. Elingku umurmu kacèk têlung taun karo umurku. Saiki si thole lagi umur 12 taun, têlung taun êngkas dadi umur 15 taun, iku sêdhêngan wayahe bocah têtak."

"E, kêjawi ta, yèn santun salaga, kula tata-tata kriyin, uwos-uwos ênggih kêdah kandêl."

"Mangsa bodhoa pamikirmu buri, aku ngarêp. Yèn ana kêkurangane bae tutura."

--- 46 ---

"Ênggih, nanging saniki kula sampeyan paringi yatra."

"Pira."

"Satus rupiyah mawon kriyin."

"Iya ta, mêngko dak jupukake sadhela. - Ênya gilo limang kampil dhuwit pêcah, sakampile isi rongpuluh rupiyah, ping lima dadi satus rupiyah."

Rêmbagan tumbas bêtah

Radèn ngantèn: "Mbok Karyaboga!"

Karyaboga: "Kula."

"Bêrasmu kari pirang dhacin?"

"Uwos saking Jêthis dèrèng kula ewah-ewah, ndara, taksih 10 dhacin, para 7, dhaharipun 3, punika sanèsipun uwos lami. Ingkang kangge cêpakan wontên ing dobong mbotên kula petang."

"Isih kandêlane, ora susah kongkonan njaluk bêras mênyang desa."

"Kagêm mênapa ta, ndara?"

"Karsane bapakne dèn bagus, besuk êmbèn tingalan tumbuk iku digêdhe, ngiras nyunatake putumu dèn lara."

"Bilih kagungan damêl têtêsan kemawon, uwos samantên kados sampun cêkap."

"Sukur, yèn karangamu wis cukup, aku ngandêl marang kowe. Besuk tingalan iku kowe gawea tumpêng 33, sing gêdhe loro (sakêmbaran: lanang wadon), sing cilik 31, lan gawea sriyatan, apa manèh tukua wêdhus tujah ginawe sidhêkah panulak pangapêsaning wuku, awit wukune bapakne den bagus: kuruwêlut."

"Menda tujah punika ingkang kados punapa, kula dèrèng sumêrêp."

"Wêdhus tujah mono kang sikile ngarêp karo pisan pancal putih."

"Inggih, namung rêginipun kula kirang têrang, awit kula dèrèng nate tumbas."

"Takon-takona rak iyo ana sing wis tau wêruh, mangsa adoha rêga karotêngah mangisor ora, trêkadhang nêmbêlas wang

--- 47 ---

bae olèh. Lan kowe blanjaa pisan, tukua bumbu-bumbu sing kandêl, sajrone ewuh-ewuh aja kongsi kêkurangan, mêngko mloya-mlayu tuku bumbu mênyang warung, iku saru."

"Kadhawahakên kemawon, ndara, ingkang badhe kula tumbas."

"Iya: brambang bawang, uyah trasi, tumbar jintên, salam laos, krècèk, balur sapanunggalane, lan sayuran kanggo ing meja: kobis boncis, slèdri kapri sapanunggalane, tuwin janganan kanggo tingalan: thokolan, kangkung lêmbayung sapanunggalane, dalah sambêlane pisan. Êndhog wajar tukua 200 bae, yèn ana kurange gampang."

"Tigan kamal utawi pindhang, punapa mbotên tumbas?"

"Aja tuku êndhog pindhang, tukua kamale bae ka 30, sudhiyan pangan niyaga. Tumuli tukua panganan wowohan kang apik-apik, aja wêdi ing larang, kanggo suguh pista ing dalêm lan ing pandhapa, kaya ta: jêruk kêprok, jêruk Pacitan."

"Jêram Pacitan punapa mbotên angèl pandhaharipun?"

"Nèk kowe iyo angèl, wong kooncèki kulite, kuwi ora mêngkono, pandhahare disigar-sigar ing lading banjur dibêsèt kulite gampang bae, mung disêsêp dikêpahi ana ing ambêng."

"Dados ingkang kalap namung duduhipun kemawon?"

"Dhasar iyo mêngkono. Lan tukua jambu, dhuku, manggis, salak lan gêdhang êmas."

"Pêlêm punapa mbotên tumbas?"

"Pêlêm iku sanajan enak, nanging susah olèhe dhahar nggupaki asta, dadi ora kalêbu ing meja. Tukua sing pancèn didhahar bae."

"Panganan para kangge cadhongan niyaga punapa mbotên tumbas pisan?"

"Iya tukua salak geyol, sêmak, mundhu utawa kleca, tuwin bêsusu, kuwih-kuwihe kupingan, kêmbang waru, kêmbang jambu, kêmbang durèn, kêlakkêling, widaran, ondhe-ondhe iya saprayogane, ora susah bêcik, sok uga katon rêma utawa pêpak."

--- 48 ---

"Inggih."

"Bèbèk pitik, kowe rak wis ora tuku?"

"Mbotên, ndara, sampun cêkap ladosan saking dhusun."

"Iwak kêbo kowe tuku mênyang ngêndi?"

"Punapa mbotên mragad, ndara?"

"Ora, mide bae."

"Prayogi mide dhatêng pêkên Agêng kemawon, tinimbang dhatêng ing Jagalan, awit rêginipun prasasat sami. Ing pêkên Agêng wontên awisipun sawatawis, cêlak pambêktanipun, epahan bêrah awis."

"Kiramu kowe arêp nganggo iwak kêbo bobot pirang atus?"

"Mêndhêt wawrat gangsal atus (25 kati) kemawon rumiyin, kajawi jêrohan utawi utak."

"Bot satus rêga pira?"

"Awis-awisipun sakatos rêgi satangsul kaping gangsal, dados gangsal wêlas wang."

"Iya, mbok, sêdhêngan njupuk bobot limang atus bae dhisik, yèn ana kurange gampang. Iku daginge kang êmpuk gawenên dhèndhèng age lan diêmpal, koyorane gawenên iwak duduh, utawa têrik tuwin dhèndhèng ragi, utake sambêlên gorèng, ati lan isone gawenên sujenan, kopyokên ing santên kanil, kobis boncise gawenên sêmur santên utawa sêmur kecap, thokolane turahe kang ginawe janganan, gawenên tomis."

"Ulamipun kambangan tuwin ayam, kaolah punapa?"

"Bèbèk pitike aja kopêcah, gawenên iwak gêdhe bae, dadi sêmua tinonton. Bèbèke oporên bae, opor panggang loro, opor godhog loro. Pitike miliha babon sing madhêp, sêmurên bae, sêmur santên loro, sêmur kecap loro. Karo manèh gawea panggang jago kang lagi lumancur papat, arèhana santên kanil, iku kabèh ladèn rong prangkat, dhahar ndalêm karo dhahar pandhapa, paronên bae, besuk kang saparo tampakna marang Si Jayanimpuna, saparone ladèkna marang dalêm. Iku yèn koestokake kabèh wis ora kurang samuwa. Mulane aku tutur akèh-akèh, awit yèn wis akèh dhayoh, aku wis ora bisa caturan karo kowe

--- 49 ---

bab pisuguh, saru yèn aku isih mikir marang kabutuhaning pawon, mulane kowe dibisa. Kowe dak gawani dhuwit f 50, - bubar gawe bae etung-etungan pira êntèke."

"Inggih sandika."

"Wis ta mangkata, mbok Jagakarsa undangên mrene."

"Inggih."

Rêmbagan tumbas sinjang

Radèn ngantèn: "Mbok Jagakarsa!"

Jagakarsa: "Kula."

"Kowe tak kongkon mênyanga kuwadean, tukua plèmèk."

"Kagêm punapa, ndara?"

"Putumu dèn lara arêp disunatake karo bapakne dèn bagus, dibarêng tingalan tumbuk besuk êmbèn."

"E, sukur, ta, ndara, tumuntên dipun têtêsakên, ingkang putra sampun katingal therok-therok, manawi kasèp saru tingalipun."

"Mangsa, bocah durung ganêp umur sapuluh taun bae kasèp."

"Kala putu kula pun Caplis rumiyin umur wolung taun, sampun kula sunatakên, anakipun tangga kula mbok Warujêne, inggih sawêg umur wolung taun dipun sunatakên."

"Gèsèh kowe kuwi, anake wong kampung kopadhakake karo anakku utawa putraning priyayi."

"E, dados bèntên, ndara?"

"Beda-bedaa, yèn isih kêcilikên iku kajaba durung mangsane, dêloke saru."

"Dados kosokwangsul kalihan cipta kula?"

"Iya."

"Anggèn kula tumbas plèmèk pintên, ndara?"

"Aja akèh aja sathithik, jupukên madyane bae, yèn ora sungsun pitu, iya sanga."

--- 50 ---

"Kapetang kemawon, ndara, kados ta: lètrèk 1, sindur 1, bangun-tulak 1, mayangmêkar 1, liwatan 1, yuyu sakandhang 1, sinjang bathik-lurik 2, sêmbagi warni kalih nigang kacu 2, punika sampun warni 9."

"Iya samono bae wis cukup. Lan tukua jarik cap-capan sakodhi lan sêmbagi saêmblog, kanggo paringan, gilo dak gawani dhuwit f 50, - besok bubar gawe bae etung-etungan pira êntèke."

"Inggih sandika."

"Karodene manèh sisan gawemu banjur golèka godhong kanggo plèmèk ngisor, kaya ta: godhong kluwih, godhong apa-apa, godhong kara, godhong dhadhapsrêp lan alang-alang."

"Inggih sandika. Ngajêngakên kangge ing damêl kemawon kula mêndhêt sakêdhap."

"Sakarêpmu, sok wisa aku tutur. E, ora, mbok, mangkatmu iki bêcik mampira mênyang omahe bong wadon Mbok Wagaprana ing kampung Rêksanitèn dhisik, saka kono banjur mênyanga pasar, bejanana yèn besuk ing dina Slasa Lêgi dak undang mênyang omahku, wayah jam 8 esuk wisa têka ana ing kene, tak kon nyunati dèn lara."

"Inggih sandika. Punapa sampun botên wontên dhawah malih?"

"Wis, mbok mangkata mupung esuk."

"Inggih."

Ulêm tumbukan

Tangkilan: "Tra!"

Sastraubaya: "Kula."

"Besuk tanggal ping 7 kabênêr wêtonku tumbuk umur 33 taun, aku arêp nganggo ngatur-aturi kanca sawatara, ana malême dina Slasa Lêgi, esuke têrus jagongan wadon, sunate dèn lara, aku gawèkna ngèngrèng ulêm."

"Inggih sandika:

--- 51 ---

Sêrat saha ingkang pangabêkti (utawi: ingkang taklim, salam taklim, salam) Ngabèi Tangkilan sakalihan, katur panjênênganipun ingkang rama utawi: raka, rayi, putra) radèn ngabèi (utawi mas bèi) … sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula ngaturi uninga ing panjênêngan sampeyan, benjing ing dintên Slasa Lêgi tanggal kaping 7 wulan Rabingulakir punika, kalêrês tumbukipun wêdalan kula umur 33 taun. enjingipun nyunatakên anak kula èstri nama Suwarni.

Ingkang punika manawi ndadosakên dhanganing panggalih saha sêla ing padamêlan, benjing malêm Slasa Lêgi wau panjênêngan sampeyan kula aturi pinarak dhatêng ing griya kula, lêlênggahan amongsuka sakaparêngipun ing panggalih, supados angsala pandonga wilujêng sapanginggilipun, saha ing dintênipun Slasa Lêgi wanci jam 9 enjing rayi sampeyan ibu (utawi: mbok ayu) dipun aturi tiyang èstri, mugi kaparênga anguningani rising sunatipun anak kula wau supados angsala barkah pangèstu wilujêng sapanginggilipun, wusana sangêt ing pangajêng-ajêng kula saha tiyang èstri rawuhipun bapak sakalihan.

Sinêrat ... Ngabèi ...

Punika sampun rampung."

"Gawanên mrene tak priksanane. Kaya wis kapenak kabèh, mung têmbung panjênêngan sampeyan, aku ora dhêmên, bêcik nganggo têmbung rakêt: panjênênganipun bapak. Wis nuli garapên, mung iku owah-owahaku. Mêngko sore rampungna, banjur ladèkna marang aku tak tèkênane, sesuk-esuk lakokna, pasrahna kanca jajar sing duwe laku rewang kanca duwe gawe."

"Inggih sandika."

--- 52 ---

Metang wragad

Tangkilan: "Nimpuna!"

Jayanimpuna: "Kula."

"Dhuwitmu sing kocêkêl kari pira?"

"Tirahan paos Mulud kapêngkêr punika kajawi cêpakan dhadar satêngah taun, wontên f 75 x 6 = f 450, sarta arto benceran f 25 x 6 = f 150, dados gunggung f 600. Ingkang f 400 sampun kula aturakên ing panjênêngan sampeyan kala bibar grêbêg lêt 8 dintên, dados gunggung paos Mulud jangkêp f 1000."

"Dadi wis ora nyêkêl dhuwit mirunggan, ane?"

"Botên. Arta bayaran sambutan dhatêng toko kula dèrèng kaparingan, awit dèrèng wancinipun mbayar."

"Ana pira utangku?"

"Rekêning, kula dèrèng tampi, nanging kodholanipun wontên, namung kantun f 52.50."

"Iku cikbèn, besuk gampang. Turahan dhuwit f 400, saiki tak balèkake marang kowe, nanging kari f 300, kang f 100 wis dakwèhake marang dèn ngantèn. Iku tindakna kanggo wragading tumbukan sarta sunatan, aja kongsi nyahak marang dhuwit blanja sarta beceran kang wis kotamtokake kanggo pangan satêngah taun, kaya-kaya wis cukup wragad samono, awit wis ora tuku bêras, kayu, bèbèk, pitik, ladèn saka ing desa wis nyukupi. Yèn ana panjaluke dèn ngantèn, kanggo têtuku barang sarta marang kabutuhaning pawon, wèhana, nanging aja sêpi pratelan apa barang kang tinuku, kabèh lêbokna ing êbuk, kanggo pèngêtan utawa pêpiridan yèn ing têmbe buri bisa duwe gawe manèh."

"Inggih sandika."

"Iwak, panganan olah-olahan cara Landa, kowe yasaa dhewe ana ngarêpan, aja awor ana ing buri, mundhak ngrubêdi pagaweaning wadon, lumadine sêlingên karo iwak, panganan olah-olahan cara Jawa lan wowohan, têpunga karo pawon

--- 53 ---

buri, kowe njaluk pirang piring, ing kono mung bakal nyadhiyani."

"Inggih sandika, Kulunun mawi nimbali koki?"

"Iya. yèn koolah dhewe mangsa enaka. wong dudu gaweanmu."

"Miturut ungêling buk."

"Sanajan mangkonoa iyo isih akèh tuna-dungkape, mêntah matênge ora sêdhêngan ndadêkake owahing rasa. Trêkadhang sok bisa dadi ora kalap dening bobrok pangolahe, mbadhêl utawa gosong kakehan gêni."

"Manawi pancèn mawi koki, punapa botên prayogi barangipun kemawon kaparingakên mrika?" Awit ngundang koki punika kathah bayaranipun, sadintên sadalu botên purun saringgit."

"Bêcik ngundang koki tinimbang barangmu kapasrahake marang omahe mêsthi akèh sing dicolongi. Ora gêlêm opah saringgit, iya undhakana, mangsa ngantia limang rupiyah, ora. Kowe ngowêl dhuwit limang rupiyah, ora sumurup yèn barangmu dibathi luwih pangaji sapuluh rupiyah, tur isih nganggo ngopahi. Iku ora nyatur gêlaning ati dibodhokake marang koki."

"Sapunika kula sampun têrang wadosipun koki, sarta badhe botên ngandêl dhatêng wicantênipun. Minuman kula tumbas dhatêng ing pundi?"

"Mênyanga ing loji bae."

"Punapa botên prayogi dhatêng Pacinan sagêd pikantuk mirah?"

"E, kêpriye ta, kowe kuwi, minuman saka ing Pacinan iku kajaba ala isih dipalsu, mulane rêgane murah bangêt, tinimbang karo rêganing minuman saka ing loji."

"Srutu, mêrtega, kèju tuwin ulam blèg-blegan, punapa inggih makatên?"

--- 54 ---

"Iya, kêna kokiyas kabèh iku ora ana kang enak, sing kêna koandêl mung tèh, cêngkuwèh, gula batu, tai kucing tuwin manisan, iku kabèh bêcik. Nanging diawas marang lakuning bobot, paribasan: kumêdhèp kasèp, awit wis watake bangsa Tionghwa dhêmên ngurangi bobot utawa ukuran, kaya ta: tuku gula sakati rêga karotèng, ana, rêga wolulas dhuwit, iyo ana, rêga rong wang, iyo uga ana, mung nuruti karêpe Si Jawa kudu njaluk murah, ora sumurup tumiba ing larang dening kuranging bobotan utawa ukuran mau."

"Minuman saha sanès-sanèsipun wau kula tumbas dhatêng ing toko pundi?"

"Tukua marang tokone Tuwan Bronkhorst sakidul krêtêg gantung, nanging janjèkna yèn panganggomu ana turahe, kêna bali. Dene gula tèh sapanunggalane, tukua marang gêdhong gêdhe, kêncèng bae bisa olèh murah. Nanging arahên aja kongsi turah akèh-akèh, bêcik kêpara kurang, tuku manèh pira suwene. Awit ngrawati gula tèh kowe mangsa bisaa kaya bangsa Tionghwa, ora. Ora wurung tèhmu dadi ngabar, gulamu nyêmlèk."

"Kajêng obong kula tumbas dhacinan, punapa ngangge kajêng rèncèk ngadhang tiyang saking dhusun?"

"Bêcik tukua dhacinan bae mênyang bêton, kajaba ora kablondrong panukumu, anggone mèntèr ora mblêbês, mung kangelan pamêcahe sawatara. Wong desa ora kurang, matèkna wong siji bae madung kayu mangsa kantua ora."

"Punapa sampun botên wontên dhawuh malih? Kula badhe lumampah sapunika."

"Sisan lakumu mênyanga Kêmlayan golèka niyaga, pasrahna pangarêpe bae, njaluk gawene kanca niyaga dalêman cacah patbêlas, nabuh sadina-sawêngi, opahe pira."

"Bilih niyaga sae sampun wontên planggêranipun kenging kapetang, racak niyaga satunggal sadintên sadalu sarupiyah, undha-usuking bayaran: wontên pranatanipun pangajêng,

--- 55 ---

kapirid saking ènthèng-awrating tabuhan sarta undha-usuking kasagêdanipun. Dados bayaraning niyaga botên sami nyarupiyah, wontên ingkang langkung, wontên ingkang kirang."

"Sok mangkonoa kêna koanjang kurange saka patbêlas rupiyah?"

"Kajêng kula inggih makatên, badhe kula awis, manawi purun sadasa rupiyah dumugi kalih wêlas rupiyah."

"Kowe apa wis duwe têpungan niyaga?"

"Sampun, malah ingkang kula têpangi pangajêngipun niyaga nama Kyai Miling."

"Kabênêran, ane. Bab tlèdhèk apa kowe bisa golèk?"

"Sagêdipun wau inggih sagêd, nanging botên mêsthi sagêd angsal ringgit ingkang sae. Nanging manawi pangupadosipun wau kapasrahakên dhatêng niyaga, sok adhakan sagêd angsal ringgit sae, awit ringgit punika asring gadhah cocogan manah kalihan niyaga ingkang badhe nabuh."

"Sok mangkonoa bêcik pasrahna marang Kyai Miling bae, ora kangelan tur sok bisa olèh tlèdhèk bêcik."

"Inggih sandika. Punapa sampun têrang dhawuh sampeyan?"

"O, o, klalèn aku, Tuwan Bronkhorst kuwe totok, durung pati bisa cara Jawa. Kowe ora pati bisa cara Mlayu, susah mêngko olèhmu rêmbugan. Bêcik aku bae sadhela mrana kêtêmu dhewe, tak nunggang jaran bae kowe dhisika."

"Inggih sandika."

Tumbas wowohan

Karyaboga: "Pundi wowohane sing bêcik-bêcik, nika?"

Tarupala: "Niku napa kurang bêcik?"

"Dadi ajêng diênggo pista niku wowohan kaya mêkotên?"

"Kula wêtoni sing apik-apik, ampun ndika anyang sakêcoh-kêcohe, nggih."

"Botên. Lah ndika suntak saka sênik kabèh, mêngke kula pilihane."

--- 56 ---

"Lèh ndika ajêng tuku salak pintên, kathik sasênik dikon nyuntak kabèh?"

"Dadi ajêng tuku satus niku botên kêna mêmilih?"

"E, kêjaba ta, nèk tuku okèh, ndawêg ndika pilihi sing njlimêt."

"Pundi pintone?"

"Nèk salak enak lan gêdhe-gêdhe botên ontên pintone. Nèk kadadean panganyange mawon ndika mêcah siji, nèk botên enak bali."

"Niki sajinahe pintên?"

"Patang wang."

"Tobat-tobat, napa siji cucuke ngrong gobang?"

"Niki mangsa murah salak, napa êmpun larang?"

"Bênêr êmpun larang, anua nika mangsa ngantia rêga ngrong gobang siji."

"Ênggih ndika anyang, ampun pijêr maoni wong tawa mawon."

"Ngrong wang sajinah, awèh?"

"Têsih tangèh."

"Pintên barèse mawon?"

"Sêtali êmpun botên kêna kurang sigar."

"Êmpun ta, kula undhaki dadi rong kêthip."

"Botên olèh."

"Têlu tèng botên olèh?"

"Ndika ajêng tuku pintên atus, ta?"

"Wau kula êmpun tutur mung tuku satus mawon."

"Ndika milih ta, êmpun, kula wèhake."

"Êmpun niki mawon, kula njaluk peling lima."

"Tobat-tobat, kathik ontên adol salak gêdhe nganggo peling, niku cara pundi? Ndika njupuk siji minangka pintone."

"Kula tuku salak geyol sing ontên dhasaran niku, satus mawon diênggo cadhong niyaga, sajinahe sêtèng, dadi cucuke nyigar."

--- 57 ---

"Ndika niku nèk anyang-anyang olèhe ngreyoh, ndika duwe napa awèh kula tuku sêmontên? Nèk botên nyêdhuwit, kula botên awèh."

"Êmpun ta, kula tuku molung dhuwit, sajinahe, dadi wolung wang satuse."

"Ndika milih, kula wèhake, murah satak bathi sanak, wong êmpun okèh olèh ndika tuku salak."

"Jêruk kêprok lan jêruk Pacitan sing apik, ndika napa ênggih duwe?"

"Duwe mêlih."

"Ndika wêtokake. Pintên niki jêruke kêprok sajinahe?"

"Saniki jêruk kêprok êmpun larang, kula adol sajinah, sêpuluh wang."

"Napa siji nganti rêga suwang?"

"Botên eram kula, nèk jêruk kêprok. Athuk pundi yèn nuju larang dening nuju têlag, siji nganti rêga sêtali. Nèk jêruke Pacitan rada ontên murahe, sajinah mung patang wang."

"Satêmêne mawon pintên jêruke kêprok?"

"Êmpun ta. kula sudakake suwang."

"Nèk olèh wolung wang, kula tuku rong jinah, dadi êmpun cucuk molung dhuwit."

"Ênggih ta, êmpun, ndika milih, kula wèhake."

"Jêruke Pacitan, gêlisan mawon sajinahe kula tuku nyêtali, kula tuku rong jinah."

"Ênggih, ta, êmpun, kula wèhake pisan."

"Dhukune ndika sok kabèh, kula ajêng tuku sèwu."

"Gampang ngêsokake, ndika arêp pintên satuse?"

"Nèk dhuku, kula rak êmpun kêrêp tuku mriki. Kêrsanane ndara kula lêgi-lêgine nèk mêntas dhahar: dhuku, adate satuse rong wang."

"Ênggih bênêr, kula soke kabèh, ndawêg ndika milih."

"Êmpun, ndika widèni, bênêr napa botên?"

--- 58 ---

"Ji, ro, lu, pat, ma, nêm, tu, lu, nga, luh, las, athik sèwu satus, niki."

"Banjur mbusuki, tuku dhuku napa botên olèh peling, sajinahe siji? Tuku sèwu pintên nèk botên satus?"

"E, ênggih, bênêr ndika, sèwu satus klêbu pelinge."

"Jambune lêgèn niku sajinahe rêga pintên?"

"Sêtali."

"Manggise?"

"Padha mawon, ênggih sêtali."

"Gêlisan mawon nèk awèh ngrong wang, kula tuku nyatus."

"Ênggih ta, êmpun, wong ndika tuku okèh."

"Mung kèri gêdhang mas, kula dèrèng tuku."

"Lah niki kula ênggih duwe, ndawêg ndika dêlok."

"Kok ora pati abang ngene kulite? Napa niki têsih ênom disêmprong?"

"Athik kula adol gêdhang sêmprongan, botên cara bakul gêdhe adol wowohan botên apik, niki rak dèrèng dalu mawon, nanging didhahar ing priyayi êmpun enak, sesuk ndika tonton rupane mêsthi pangling."

"Pintên niki sêtangkêbe?"

"Sêtali niku kula wèhake."

"Rong wang nèk awèh, kula tuku limang tangkêb."

"Ênggih êmpun ta, ndika milih."

"Êmpun niki mawon. Kalih kula tuku mêlih panganan niyaga, salak geyol, sêmak, mundhu, kleca lan bêsusu, utawa gêdhang pulut tuwin liya-liyane, mang pêpaki rêga rong rupiyah."

"Ênggih, botên-botêne kula wèhi larang."

"Pintên gunggungane dhuwite?"

"Mêngke kula ejrahe. - Rolas rupiyah gobang punjul sangang wang. Napa botên êmpun bênêr?"

"Êmpun bênêr petung ndika, kula wilangne dhuwite dhisik. Lah êmpun niku ndika widèni."

--- 59 ---

"Êmpun ganêp, rolas rupiyah gobang punjul sangang wang."

Tumbas ulam maesa

Karyaboga: "Iwak ndika bot satus rêga pintên?"

Banjarsari: "Mang tuku sêringgit mawon."

"Biyung, biyung, mbok êmpun kadohan pêmbalap."

"Ndika ênggih êmpun dhêngêr rêgane, ndadak nganggo takon."

"Pakbêlas uwang nèk awèh."

"Dèrèng awèh."

"Êmpun ta, kula suda sêtèng kalih adate, dadi kula tuku limalas tèng, kula tuku bot limang atus."

"E, ê, kok okèh olèh ndika tuku iwak, napa ndara ndika ajêng kagungan gawe?"

"Ênggih, ajêng nêtêsake putrane."

"Wong okèh olèh ndika tuku, kula wèhake, kula sudakake sêtèng kaya panjaluk ndika. Pancène iwak bot satus botên kêna kurang saka rêga limalas uwang."

"Utake kula tuku satangkêb, atine sablèbèk, isone sêrêgan sadhempol, pintên rêgane niku?"

"Ndika tuku srupiyah mawon."

"Napa sarupa nganti rêga matang wang? Nyêtali nèk awèh."

"Botên."

"Nyêpuluh wang botên awèh?"

"Ênggih ta, êmpun ndika pèk."

"Pintên gunggunge dhuwite?"

"Nêm rupiyah putih, wolung kêthip, punjul têlung benggol, utawa padha kalih sawêlas tèng, napa ênggih mêkotên?"

"Ênggih êmpun bênêr. Ndawêg kula wilange dhuwite ndika widèni."

"Êmpun ganêp."