Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Na:

1 na, sa, da, ta, aksara untu

2 na, nya, ma, nga, aksara irung nuiskl.

ora kêna tinandukake, awit wis pangawak anuswara dhewe, kaya ta: ninis nanas

nyunyuk ... nyunyur maar banyu dunya enz

mamah, maling, magang ... macan, manggis

ngêmis, ngujiwat ... nginging

3 na, nya, yèn dadi purwaning lingga olèh atêr-atêr sarta karakêtan sandhangan wyanjana tuwin têmbung, apadene panjingan, ora kagondhèl utawa sigêg: na, pasangan nya, kaya ta: sanagara - ora sannagara, sanyatane - ora sannyatane, anrajang - ora annrajang, anrênjuhi - ora annrênjuhi, anyrandu - ora annyrandu, anyrêngêni - ora annyrêngêni, anywara - ora annywara

4 na, sumêla ana antaraning têmbung lingga lan têmbung wot = in ingaran: tanggap na = sud passief kaya ta:

tinata, sinok ... zie tak

--- 1 : 192 ---

nanging kang akèh kanggo ing môngsa lungse, kaya ta:

sinêlut, pinèk ... enz

5 na dantya dadi tanduke aksara da, ta

na murda dadi tanduke aksara dha, tha

nya, talawya dadi tanduke aksara ca, ja, sa

andadah, nata, lirune: antata

andhupak, nitik, lirune anthithik

anjambak, nyukur, lirune, ancukur, nyapu, ansapu[Grafik].

6 na 1 Tj.B. tuduh 2 Kw. ana, sigêg mangkana 7 Na [...]Huruf Jawa: pasangan Ca. Ka, Ta [...],Huruf Jawa: pasangan Ta. Sa [...],Huruf Jawa: pasangan Sa. Pa [...],Huruf Jawa: pasangan pa. Nya, Ga [...],Huruf Jawa: pasangan Ga. Ba [...]Huruf Jawa: pasangan Ba.

Aksara sarta pasanganing aksara gêdhe ing dhuwur iki, ingaran: murda utawa mahaprana, kanggo ing tata prunggu, kaya ta: Narendra, Pangeran Cakraningrat, Mangkunagara, Natakusuma, Sultan Pajang, Radèn Tumênggung Yasadipura, Sasrabau, Nyai Adipati Sêdhahmirah, Kangjêng Guprêmèn, Tuwan Gurnadur Jendral, Bojanagara, Radèn Bondhan Kajawan.

8 pasangan na kanggo pangrangkêping aksara ra: na, ing têmbung lingga wanda buri yèn salah sawijine aksara mau karakêtan sandhangan swara: = klinker kaya ta: tuna, wani enz.

--- 1 : 193 ---

Ni:

1 Tj. B. wani 2 Kw. ora

Nu:

Tj. B. en Kw. dalan

Ne:

Tj. B. en Kw. niet

No:

Tj. B. en Kw. niet

Nah:

1 Tj. B. rênês 2 Kw. Radèn Musthika

Nih Kw.:

lumuh

Nuh Kw.:

niet ingkang yuswa Nabi Nuh 1300 taun ktb. NaraisNgarais. lz. 39 Kn. zie brahat letl. c

Nèh Kw.:

minta- minta

Noh Kw.:

niet

Nah:

Têgal, a nah têgal, têgês sarta dumunung ing tanah Nèdêrlan, watêke alihan, môngsa ulêr yèn muni mung ing wayah bêngi swarane ora ana sing ngungkuli bêcike. Kabèh manuk kalah karo manuk nah têgal, nanging unine ing dalêm sataun mung sajrone karo têngah sasi, sarta kêna tinamtokake ana sajrone sasi April tutug MarêtMarêt tutug April. lèrèn, awit iku mangsane manuk ngêndhog banjur angrêm.

b nah têgal, têgês sarta dumunung ana ing tanah Eropah

--- 1 : 194 ---

uga môngsa ulêr, pasabane ing pakêbonan.

c nah têgal nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, uga môngsa ulêr, pasabane ing pasukêtan.

d nah têgal nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah uga môngsa ulêr, pasabane ing kêkayon.

e nah têgal êndhas irêng nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, uga môngsa ulêr.

f nah têgal dhadha biru, nêtês sarta dumunung ing tanah Nèdêrlan, uga môngsa ulêr, unine ora pati bêcik tinimbang karo nah têgal liya-liyane, nanging unine ora nganggo môngsa, muni sawayah-wayah.

Nahas:

(nabi) zie nabi (nahasing tanggal en sasi

Nahas:

(dina) zie dina letl d

Nahas:

(tanggal) zie sasi (7)

--- 1 : 195 ---

Nahas:

(tanggal). Kula bagus Ngarphah, abdi dalêm ngulama, mungalim ôngka 1 ing kagungan dalêm pamulangan Mambangul Ngulum, angaturakên ing parentah kabupatèn pangulon, pundhutan bab wêwatonipun nahasing para nabi, tulèn saking suraosipun kitab lathoifu ahkyaril awwal fiman tawalla misro min arbaabiddual kaca 66. Nanging wontên sulayanipun kalihan ingkang kasêbut ing primbon Jawi. Tanggal-tanggalipun cocog kemawon, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

1 tanggal kaping 3 sabên wulan, a ing ngriku putranipun Nabi Adam ingkang nama Kabil amêjahi adhinipun nama Habil

2 tanggal kaping 5 sabên wulan, a ing ngriku Nabi Adam katundhung saking sawarga, b para umatipun Nabi Yunus badhe kasiksa dening Allah (anyarêngi Nabi Yunus kauntal ing ulam), c Nabi Yusuph kacêmplungakên ing sumur.

3 tanggal kaping 13 sabên wulan, a ing ngriku kasugihanipun Nabi Ayub kapundhut lajêng anandhang sakit barah, b Nabi Suleman kaundur saking karatonipun, c para nabi sami dipun sedani ing tiyang Yahudi.

4 tanggal kaping 16 sabên wulan, a ing ngriku risaking para umatipun Nabi Lut jalaran bumi ingkang dipun ênggèni anjêmblong, b tiyang Nasarani nêmatus sami dados cèlèng, c tiyang Yahudi sawatawis sami dados kêthèk, d Nabi Zakaria seda dipun graji ing tiyang Yahudi.

5 tanggal kaping 21 sabên wulan a ing ngriku wiyosanipun Raja Phirngon, b Raja Phirngon pêjah kêtangkêp ing sagantên (prang lan Nabi Musa), c para wadyanipun Raja Phirngon kadhatêngan wawêlakipun Nabi Musa, inggih punika bêna, walang, tuma, kodhok, êrah.

6 tanggal kaping 24 sabên wulan a ing ngriku Raja Namrud ambêdhèli padharanipun tiyang èstri cacah tiyang pitung dasa, b Nabi Ibrahim dipun bêsmi,

--- 1 : 196 ---

c. untanipun Nabi Salèh dipun pragati ing para umatipun.

7 tanggal kaping 25 sabên wulan ing ngriku para umatipun Nabi Hud sami risak dening kadhatêngan wawêlak angin ngakim, têgêsipun angin gabug, inggih punika angin ingkang botên ambêta jawah.

katur tanggal kaping 7wulan Sura ing taun Ehe 1836

Khotib Arum - Abdul Khatim

'Akh - Muhammad…

Haji Muhammad Idris - Haji Muhammad Nor

Haji Muhamma Fadli - Muhammad Nuwi

Nahas (sasi):

zie sasi (nahas)

Nahsuwalu:

iku bangsaning manuk nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah

Naisbandiyah:

Radèn Ajêng zie K.s. no. 2

Nana:

1 Tj. B. tinêmu Kw. ilang, rai, rusak, sirna, nyingkiri.

Nênê:

niet

Nini:

Tj. B tuwa-tuwa

Nun:

Tj. B gênêng

Nene:

niet

Nono:

niet

Nanas Kw.:

ananas, nanas, panas, wangsalan Tjent. olèh dening nanas

Nar:

Tj. B. janma

Nir:

1 Tj. B ora 2 Kw êntèk, ilang, rusak, tanpa, sirna

Nur:

Tj. B urip

Nèr:

1 Tj. B nganti 2 Kw. kèsèr

Nor:

1 Tj. B sor 2 Kw. ngasorake

Nra:

Tj. B janma

Nori:

zie ara

--- 1 : 197 ---

Narendra:

zie ratu

Naranata:

zie ratu

Narantana:

zie abdi dalêm wadon no. 5

Naraka:

kalkaosar, waèlul M.M. 12.7 v.v., jahanam, yumani M.M. 12.8 v.v.

Naraka:

van kadip

1 jahanam = panas, tikêl ping pitu tinimbang lan panase wêsi bang iya iku rasane wong mlarat ana ing alam dunya, wite saka ngêbrèh. 2 sakar wuru dawa têmah anandang kawirangan, wite saka lali. 3 kutapahkutamah. = kêtutup (bodho) wite saka kêsèd. 4 hawiyah = hawa (pêtêng) kêrêp muring-muring, wite saka doyan turu. 5 sangir, sangsara (prihatin) wite ngumbar hawa napsu saka ati rusuh. 6 jakim = lara kêsandhang (papa cintraka) wite saka pakarêman, mêmangan tanpa môn

Narakuswa:

1 bumi kang pinundhut miji ing panjênêngan ratu, 2 bumi môncanagara kang mêtu penang pènine kapundhut miji ing panjênêngan ratu dhèk jaman karaton ing Pajang. 3 bumi jaga buruhan wong (mandhung) Brm.1836 no. 55

Narakumba (wadu aji):

têgêse: bumi wong rêrênggêpan, iya iku unusan, saka bumi môncanagara, pancèn wis kapancèkake dadi lungguhing bupati, kaunus dipun lut ing karaton, kamijèkake macung dhewe, ing ngarêp awit saka kagêm lêlangên patamanan, ana ing bumi narakuswa mau, ing nalika jaman Pajang, dadi karêping têmbung narakuswa mau: wong juru ambu, nara: wong, kuswa: ambu sarta ngrênggêp, iya iku wong juru ngladèkake kêmbang.

Narèswara:

zie ratu

Narapaksa:

' = mantri alas, abdi dalêm iku.

Narawita:

1 bumi karaton vorstely k land, 2 bumine wong môncanagara dipundhut miji ing panjênêngan ratu, dhèk jaman karaton ing Pajang, 3 bumi karangkopèk, ing ngarêp mung pajêg wong cacahe ora ana. 4 Jav.Wbk Blz 133 bumi kang kapundhut miji ing panjênêngan ratu = no. 2 Brm. 1836 no. 55

Narawita (wadu aji):

Têgêse wong môncanagara: dipundhut miji pancèn wis kapancèkake dadi lungguhing bupati, kapêthil dipun lut ing karaton, kamijèkake macung dhewe, ing ngarêp awit saka kagêm lêlangên pasanggrahan, apadene kapundhut palane [pa...]

--- 1 : 198 ---

[...lane] kang pèni, iya iku wowohan kang bêcik rupane anadene bumi narawita mau dhèk jaman Pajang, kang jumênêng ratu Kangjêng Sultan Prabu Adi Awijaya, dadi karêping têmbung narawita mau, nara: wong wita: wit, cêcukulan, iya iku wong jaga ngladèkake wêtuning tanêm tuwuh sapapanunggalanesapanunggalane.

sawênèh kaol, bumi narawita iku bumi pamijèn, narawita Kw. = wong miji ing ratu, nara: wong, wita = suwita, dadi wong suwita ing ratu.

Nirwikara:

Abdi dalêm prajurit anirwikara kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, gêgamane bêdhil, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III têgêse anir wikara = tanpa sumêlang.

Nirwèsthi:

Abdi dalêm prajurit anirwèsthi, kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, pajagane ana ing pagêlaran alun-alun lor, gêgamane bêdhil, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Suhuhunan P.B. III têgêse anirwèsthi = tanpa kuwatir.

Narwal:

Iku bangsaning iwak loh ing sagara, dumunung ing sagara anjêndhêl lor, iwak narwal iku nganggo siyung.

Nirpringga:

Abdi dalêm prajurit anirpringga kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge pajagane ana ing pagêlaran alun-alun lor, gêgamane bêdhil, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III, têgêse anirpringga = tanpa pakewuh.

Narapati:

zie ratu

Narayana (padhalangan):

wandane gêblak sarta sêmbada.

Nirmala:

Abdi dalêm prajurit anirmala kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, pajagane ana ing alun-alun pungkuran, gêgamane bêdhil, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III, têgêse anirmala = tanpa mêmala.

Nirbraja:

Abdi dalêm prajurit anirbraja kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, gêgamane bêdhil, pajagane ana ing alun-alun pungkuran, prajurite pramèswari dalêm, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III têgêse anirbraja = kalis utawa ora pasah ing lêlandhêp.

Nirbita:

zie upacara Letl f kêbut, en zie abdi dalêm kaparak kiwa no 4.

Nirbaya:

zie upacara Letl f. kêbut, en zie abdi dalêm kaparak têngên no. 3. abdi dalêm prajurit anirbaya, kèhe 44 kalêbu panèwu mantri sarta jajare, aran sagolongan, gêgamane tampar sinabukake, paseban lan patunggukane ana ing… anane prajurit nirbaya wis dhèk jaman Mataram, têgêse anirbaya = tanpa pakewuh.

Nrangkusuma:

patih radèn arya ... Radèn Anrangkusuma: pêpatih ing karaton Kartasura, matihi Soesoeh Mrl. 7 taoen iku putrane: Pangeran Adipati Anom, ing Surabaya, putrane: Pangeran Agung, putrane: Pangeran Ratu Jayasampurna, putrane: Panêmbahan Kali, putrane: Sunan Darajat. 2 zie P.N. no. 38. 3 zie patih no.9

Nrangpringga:

Abdi dalêm prajurit anrangpringga kèhe 22 kalêbu panèwu mantri sarta jajare, tanpa gêgaman, anane prajurit anrangpringga wis dhèk jaman Mataram têgêse nrangpringga = nrajang pakewuh.

Nrangbaya:

Abdi dalêm prajurit anrangbaya kèhe 22 kalêbu panèwu mantri sarta jajare, tanpa gêgaman, anane prajurit anrangbaya wis dhèk jaman Mataram, têgêse: nrajang pakewuh

--- 1 : 199 ---

Nikah:

Lampah-lampahipun kanggo aningkahakên pangantèn makatên: pangulu sasampunipun tampi pangêrsayaning wali lajêng kutbah, wondene kutbah punika kathah warninipun, ananging ingkang sampun limrah kangge ing akathah kados ing ngandhap punika:

Laphal ... Maknanipun

bismillaahirrahmaanirrahiim = awit ingkang asma Allah ingkang maha murah tur maha asih

bismillaahi walhamdulillahi = awit ingkang asma Allah, sakèhing pangalêmbana iku konjuk ing Allah.

washolatu wassalamu 'ala rosulillaahi = ramhating Allah lan salaming Allah iku muga kaparingna marang kangjêng rasulullah

shollaalahu 'alaihi wassalama = Gusti Allah muga paringa rahmat lan salam marang kangjêng rasulullah

usikum ngibadallaahi wanapsi bitakwallaahi = e para kawulaning Allah, lan e awak ingsun dhewe, ingsun pitutur ing sira kabèh, padha wêdia ing Allah

'alama amarallahu bihi min insaki bimakrufi autassrikhin biihsanin = anêtêpi sabarang kang wus diparentahake dening Allah kaya ta amêngku bojo kalawan bênêr bêcik, utawa amêgat kalawan bêcik aris

sasampunipun kutbah pangulu lajêng anandukakên ijabing ningkah makatên: ingsun aningkahake bok Samiyêm, anak wadone Sutadrana, ing sira Ki Saparja, kalawan maskawin salaka putih bobot satail.

pangantèn jalêr pun Saparja lajêng anungka mangsuli (kabul) makatên:

kula tarima, anggèn sampeyan ningkahakên bok Samiyêm, anakipun èstri Sutadrana, ing kula kalayan maskawin salaka pêthak wawrat satail.

pangulu lajêng andonga makatên:

laphal ... maknanipun

barokallahu lakuma = Gusti Allah muga paring bêrkah marang sira pangantèn sakaloron.

allahuma alif bainahuma = dhuh Allah Tuwan mugi angêmpalna pangantèn sajodho punika

kama alafta bainal ma'i wattini = kados anggèn Tuwan angêmpalakên toya kalihan êndhut

allahuma towil 'umurohuma = dhuh Allah, Tuwan mugi amanjangna umuripun pangantèn sajodho punika

washohih ajsadahuma = lan mugi anyarasna badan wadhagipun pangantèn sajodho punika

wanawwir kulubahuma = lan mugi amadhangna manahipun pangantèn sajodho punika

watsabit imaanahuma = lan mugi anêtêpna kapêrcayanipun pangantèn sajodho punika

--- 1 : 200 ---

waahsin a'malahuma = lan mugi anyaèkna kalakuanipun pangantèn sajodho punika

wawasi' arjakohuma = lan mugi angathahna rêjêkinipun pangantèn sajodho punika

wailal khoiri akribhuma = lan pangantèn sajodho punika mugi Tuwan cêlakakên dhatêng kasaenan

wa'anisyarri ab'idhuma = lan pangantèn sajodho punika mugi Tuwan têbihakên saking piawon

wakdlihawaijahuma = lan mugi Tuwan amaringana sadaya kabêtahanipun pangantèn sajodho punika

fiddini waddunya wal akhiroh = kabêtahan ing bab agama, lan kabêtahan tumrap ing donya, punapadene kabêtahan tumrap ing akherat

birohmatika yaarhamarrohimin = kêlampahanipun ingkang makatên wau sadaya, asarana rahmat Tuwan, dhuh asih-asihing para asih

Pangulu sasampuning andonga lajêng andhawuhakên janji dalêm makatên:

Ki Pangantèn Saparja, pakênira tômpa janji dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Samangsane pakênira nambang marang rabi pakênira bok Samiyêm, têgêse nambang: ora ngingoni, utawa ora ngomahi, utawa ora ngêsihi marang rabi pakênira bok Samiyêm, utawa pakênira aninggala rabi pakênira bok Samiyêm pitung sasi laku dharatan utawa rong taun nyabrang sêgara, kang liyane anglakoni ayahan dalêm, tan trimane rabi pakênira bok Samiyêm nganti raphak ing pangulu, môngka runtuha talak pakênira siji marang rabi pakênira bok Samiyêm.

pangantèn jalêr lajêng mangsuli sanggêm: inggih

lajêng bibaran

Sahing nikah iku limang prakara: 1 ijab kabul, ijab pangucaping wali, kabul wangsulane pangantèn lanang, 2 said loro, 3 wali, 4 pangantèn wadon, 5 pangantèn lanang

Dhawuhing pangandika dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Anyakrakusuma ing Mataram (Sultan Agung).

Tinulis Rêbo Wage tanggal kaping 1 sasi Mukaram ing warsa Alip 1554

Iki layang pemutane wiwit tumapake dhawuh ingsun kang padha laki rabi. Supaya padha kapenake aja kongsi nuwuhake êsak sêrik ing sakarone. Dhumawuha marang sira si kakang pangulu Serang. Sawuse ingsun anupiksani lan amirêngake, garunêng lan atur kêlahe para kawulaningsun kang padha milu nglurug lurahe, kang ingsun utus anglurug marang nagara Balambangan, anjêjêgake adêging agama Islam, nganti sasèn-sasèn têtaunan. Wêkasan ulihe, rabine akèh kang wus padha laki liya, amarga kukum sawise anampani rapake wong wadon mung banjur anêtêpake pasah,§ rusaking nikah tanpa runtuh talake. napakah§ ingon. utawa bab sikak§ pasulayaning bêbojoan, wadon nampik marang lanang tanpa sabab, mung saka ora dhêmên bae. Ing mêngko kaparênging karsaningsun, ingsun wuwuhi katêrangane minôngka taklèk§ anggantungake tibaning talak (yèn kowe mêtu saka ing omah runtuha talakku marang kowe). si lanang marang si wadon. Supaya padha dadi maslakate§ bêcike Bagus Ngarpah. kawulaningsun lanang wadon kabèh, sawuse pangantèn lanang kaningkahake pangantèn kudu nganggo ngucap mangkene: kawula ki ... sampun nampèni dhawuh prajanji dalêm minôngka taklèk kawula, mênawi kawula nambang (ninggal) rabi kawula nyai… anakipun èstri ing ki… pitung wulan lampahan dharatan utawi anglangkungi sêgara kalih taun. Sanèsipun anglampahi ayahan dalêm, tan tarimahipun rabi kawula, rapak ing pangadilan kukum ingkang sampun trang papriksanipun, lajêng rêntah talak kawula satunggal. Sarta têtêp sambutan kawula maskawin, dados sapangiwaling§ pamancal. talak kawula [ka...]

--- 1 : 201 ---

[...wula] wau, utawa yèn ki pangantèn ora bisa ngucap dhewe, kudu pangulu utawa saide kang calathu. Mangkene pangucape. Ki pangantèn, pakênira tômpa dhawuh dalêm taklèk prajanji dalêm, samangsane pakênira anambang (ninggal) rabi pakênira nyai… pitung sasi lakon dharatan, utawa rong taun nyabrang sêgara naliyane saliyane. anglakoni ayahan dalêm, tan trimane rabi pakênira… rapak ing pangadilan kukum, kang wus trang papriksane runtuh talak pakênira siji, sarta tinagih utang pakênira maskawin, iku yèn ki pangantèn ora bisa ngucap dhewe kudu katuntun pangulune kang ningkahake utawa saide.

Kang iku kakang banjur kaanggoa waton salawase kaèstokna poma.

Sinêrat tanggal kaping 15 wulan Sapar warsa Alip 1554.

Dhawuhing pangandika dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping pat, ingkang akadhaton ing Surakarta.

Tinulis ing dina Sêtu Pon tanggal kaping 1 Mulud (Rabingulawal) ing taun Alip, angkaning warsa 1714.

Nuwalaningsun dhumawuha marang sira kakang pangulu tapsir anom

Ingsun sawuse anupiksani layang dhawuhe eyang Sinuhun Prabu Anyakrakusuma (Sultan Agung) Mataram, kang wus dhumawuh marang si kaki pangulu Serang, bab taklèk, ingsun uga mung anglêstarèkake.

Tumindake sapandhuwur sapangisore kabèh, kayadene kang kamot layang katitimangsan kaping 1 Mukaram taun Alip 1554.

Sinêrat tanggal kaping 15 Mulud warsa Alip 1714

Ing ngandhap punika pèngêt idi ijajah§ nglêstarèkake. dalêm, awit saking dhawuhing timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sanga, ingkang katampèn saha kadhawuhakên dhumatêng abdi dalêm pangulu kakim saha imam ing Surakarta, radèn pangulu tapsir anom. Amarêngi ing dintên Jumungah tanggal kaping 4 Sapar Dal 1815, anyarêngi sowan ngabêkti, sabibaring têtêp ing dintênipun Kêmis tanggal kaping 3 Sapar Dal 1815.

Sowanipun ngabêkti radèn pangulu tapsir anom, kairid panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara 2, Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, sowanipun wanci jam 7 sontên, jujug ing srimanganti kilèn, lajêng kairid sowan lumêbêt jujug ing paningrat ingkang lèr. Sarêng wanci jam 8 sontên, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan miyos lênggah ing rêsban ingkang tumrap wontên kagungan dalêm paningrat ingkang iring lèr kilèn majêng mangetan. Panjênêngan Dalêm Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara munjuk anyowanakên radèn pangulu nyuwun ngabêkti lajêng wontên dhawuh paring sasmita ingandikakakên majêng.

Sasampunipun ngabêkti lajêng nampèni dhawuh timbalan dalêm ijêman, ijajah idi dalêm kados ing ngandhap punika.

Kakang pangulu tampanana idi ijajah ingsun. Sira ingsun paringi wêwênang ngampil paukuman ingsun bab lakune salaki rabi, gana gini, talak waris wasiyat sapêpadhane kang tumindak ana pangadilan ingsun surambi, sarta sapaprentahane, kaya ta lakune wong rapak gaib§ nglaporake bojone lunga ana ing saba paran, rapak = munggah.

Tambang kang lanang 2 angidini bab lakune wong wadon arêp laki kang tanpa wali jênêng wali kakim, kaya ta wong pinggir utawa wong kang sinêpi wali sapanunggalane, katindakna kabèh, kang dadi maslakat lan kuwating nagaraningsun Jawa, kang ora andadèkake panarik anggêmpal tatakramaning [ta...]

--- 1 : 203 ---

[...takramaning] karaton ingsun. Ingsun pasrah marang sira bêcike lan kalakone, kaya kang wus didhawuhake para eyang-eyang kang padha katampan para pangulu kakim kang wus kalakon kaèstokna poma.

Ing ngandhap punika pêthikan idi ijajah dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sadasa, ingkang sampun katampèn dening radèn pangulu tapsir anom, marêngi sabibaring jumênêng, ing dintên malêm Jumungah tanggal kaping 13 Ramlan Je 1822. Anglêrêsi lênggah ing sasana parasdya.

Kakang pangulu prakara paukuman ingsun ing pangadilan surambi, sapaprentahane gana gini, talak waris wasiyat sapanunggalane, sarta idi wali kakim, rapak gaib sapêpadhane, ingsun pasrah marang sira, sarta anglastarèkake apa kang wus didhawuhake marang swargine kangmas, katindakna kaya adat.

sinêrat tanggal kaping 15 Ramlan warsa Je 1822

Nikah:

' = ningkah spr. Sahing ningkah iku limang prakara, 1 ijab kabul, ijab pangucaping wali, kabul wangsulane pangantèn lanang, 2 said loro, 3 wali, 4 pangantèn wadon, 5 pangantèn lanang

wong salakirabi kudu mawa nikah, iku wiwite dhèk jaman karaton ing Dêmak (1400) wong Jawa salin agama Islam. Kasambungan prajanjian nikah kasêbut ing layang dhawuh dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, katitimangsan ping 1 Mukaram Alip 1554. Mungguh layang prajanjian dalêm mau mênawa wong lanang anambang (= ninggal) rabine nganti 7 sasi dharatan, 2 taun layaran, liyane nglakoni ayahan dalêm, tan trimane kang wadon, rapak ing pangadilan kukum, runtuh talake sawiji, sarta tinagih maskawine salaka putih bobot satail (= f 5).

Kang muni ing layang Tjent. Semb. H.

…kiyai pangulu / kula ngrêsaya ing dika / dika ningkahakên nak kula Widuri / lawan Ki Jayèngraga //

lawan maskawin salaka putih / wrat satail kang pangulu sigra / angabuli paningkahe / sigra maca taawud / ngusikumi banlah fasapi / wabitakku waallah / niankah ngindulkurang satu suku kata: ankahtuka ngindul. / wa binti pulani minka / bima aribadahi pangulu angling / pakênira ngucapa //

anarima kawula puniki / panikahe ni Widuri lawan / kawula lan maskawine / salaka putih nêngguh / wrat satail dados samangkin / utang kawulèng dunya / ing akeratipun / wus tinurut sasojarnya / nulya maca yabarakallahu rabi / ngaliyil ngalamina //

ngalakaèr wabi palaklihi / allahuma ali binang dama / kamalap labinal mae / wal bardisal jiwatun / bi rahmati yarkamurakim / anulya saksinira / Nuripin tumanduk / mèsêm jrih sajroning nala / sarwi nyêpêng jêmpole Sang Jayèngragi / pan sarwi jinanjenan //

dika tampi janji dalêm mangkin / mênggah lamun nora nuronana / ngomahi ngayani mangke / sah tanpa talakipun / sung maskawin marang ing rabi / lan malih pakênira / yèn anambang besuk / ing pitung sasi dharatan / rong taun nèng lautan liyèng nglakoni / ayahaning narendra //

tan trimane rabinira benjing / aruntuh talakira satunggal / tinagih ing sri kawine…

Nadi:

zie banyu

Nata:

zie ratu

Niti:

zie abdi dalêm pangrêmbe II

Nataatmaja:

fr. zie Ngimagiri no. 161.

Nataningrat:

jaksa kyai jurukithing… zie pôncaniti no. 33, 34 en 35

Nitik:

zie titik

Natakusuma:

Pangeran… Jogja. zie k.g. no 71

Natakusuma:

Patih Radèn Adipati… Radèn Adipati Natakusuma, pêpatih ing karaton dalêm Kartasura (matihi P.B. II 8 taoen) iku putrane:

Pangeran Arya Pringgalaya, putrane:

Pangeran Arya Natakusuma, putrane:

Pangeran Adipati Natakusuma, putrane:

Pangeran Adipati Pringgalaya, putrane:

Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga Mataram

2 zie P.N. no. 42

3 zie patih no. 14

Nitidarma:

jaksa tumênggung… zie P.N. IV.11.

Natapura:

zie Img. no. 134 en fr no. 167.

Natapraja:

panêmbahan… zie wali no. 42

Natapraja:

pangeran… zie Sel. no. 14 I en II ingkang garwa kn. zie Img. no. 148

Nitipraja:

jaksa tumênggung… zie p.n. V.13.

Nakas:

Tjent. P

--- 1 : 204 ---

nakas gung iku nuju ênênging rijalullah gaib, lakune kapathok ing sabên sasi sapisan, manut tibaning nakas ing tanggale dhewe-dhewe, kaya ta: ing sasi Sura 18, Sapar 10, Mulud 4, Rabingulakir 13, Jumadilawal 3, Jumadilakir 3, Rêjêp 28, Ruwah 28, Pasa 1, Sawal 2, Dulkangidah 13, Bêsar 8

Dene lakune rijaluhlah gaib, miturut lakuning dina, manggon ing dununge dhewe-dhewe, kaya ta: dina, iki isarate yèn nêrak lakuning rijalullah dening ora kêna sinarèhake

Ngahad ... kidul ... (asêsumping)

Sênèn ... wetan ... (mangan sêga têlung pulukan)

Slasa ... lor wetan ... (nikêl kayu)

Rêbo ... ing langit ... (anjêjak lêmah ping têlu)

Kêmis ... lor ... (manggang tangan ing gêni)

Jumungah ... kulon ... (kêkêmu warih)

Sêtu ... kidul kulon ... (akêkudhung jarit)

--- 1 : 205 ---

zie P.N. V.13. Ngabèi Nitipraja id no. 23 en 24

Natayuda:

jaksa ngabèi… zie P.N. no. 44

Natabrata:

zie Img. no. 141 en 163

Nis:

nyai agêng… zie k.g. no. I

Nuswa Têmbini:

sinangkalan nir janma = 10

Nuswa Jawa:

sinangkalan sirnaning bumi = 10

Nuswa Barong:

sinangkalan pring sadhapur =

Nuswa Bawean:

sinangkalan cèlèng mati

Nawa:

zie banyu

Nawa wagra lapa:

zie êndêm

Nawung kridha (padhalangan):

Dhalang kudu nawung kridha, têgêse nyumurupi marang osike kang prêlu kanggo ing padhalangan.

Nawung kridha, têgêse, duga lan watara, dadi pujôngga iku kudu bisa mangsuli pitakoning wong kang duru durung. kêlair, saka sambang liring sarta pirasating rupane wong kang arêp têtakon mau.

Nawung kridha, têgêse: lantip ing panglêpasan

Nawung kridha zie pujôngga (7)

Nila:

zie sotya, nilakôntha, kang ingaran ciri nilakôntha, jaran wulu abang sawur putih, ciri unyêng-unyêngan mungsêr ana lambe ing dhuwur, iku jaran utama, titihane senapatining pêrang.

Nuluk tunggal:

brahmana rêsi… zie P.N. no. 14

Nilada:

zie mega

Nalagni:

zie gêni

Nipah:

zie wit

Nêptuning Dina nganggo têmbang:

zie dina letl. b

Nêptuning taun:

zie taun

Napit:

' = wulang lurik

Napsu:

napsu amarah = abang, supiyah = kuning, luamah = irêng, mutmainah = putih.

Napas:

napas, angin mêtu ngirung, nupus, angin mêtu ing cangkêm = abab, tênapas, angin mêtu kuping, anpas, angin mêtu mata, anpusakum, angin mêtu raga = poriyên,

Tambane jaran lara napas: tajin satuwung, laos kapipis kang lêmbut, pathine kalêbokake ing tajin mau, kaubêk kang warata, kawayokake sawêngi, esuke kajamokake, sabên sapuluh dina sapisan nganti sawarase.

Napas:

zie wulu

Noja Kw.:

anuja, anujana, D.N. k. 66.5.v.o.73

Nayaka:

Nayaka wolu uruting lêlungguhane utawa nom tuwaning gawe, kaya ta: kaparak kiwa, kaparak têngên, gêdhong kiwa, gêdhong têngên, bumi kiwa, bumi têngên, panumping kiwa, gêdhe têngên

Niyaka Kw.:

… tumênggung, suhada, sumantri, subadha, wadana, mantri man, bupati, zie punggawa en bala

Niyaga:

a. anane têmbung: niyaga, dhèk jaman Jênggala, nalika taun 1133 zie Kartapati letl. d. Niyaga wayang iku kang pêrlu mung têtêlu, panggêndèr, pangrêbab sarta pangêndhang, ana manèh: pangêgong.

--- 1 : 206 ---

1. panggêndèr, minôngka rewang clathuning dhalang, awit bisa ngelingake kalalène dhalang marang suluk, sarana gêndère kagriming utawa diunèkake jinêman.

2. pangrêbab, sajrone dhalang anggunêmake wayang, kudu lantip marang wangsalan, sarta kudu lêbda marang pathêtan kang kanggo ing padhalangan.

3. pangêndhang, iku minôngka ototing dhalang, awit kudu bisa anggêmblaki sasolahing wayang, pangêndhange kudu kosekan, sarta kudu matêng marang tangguhaning wayang.

Anadene pangêgong iku aja nganti anjuju utawa anggandhuli, angona pangajaking pangêndhang, sarta angona lakuning saron.

c. niyaga kiwa têngên zie abdi dalêm iku 2 abdi dalêm kadipatèn anom letl. m, 3 abdi dalêm kapatihan letl. r

Nêm (wadu aji):

a. mirit keblat papat sarta antaraning ngisor lan dhuwur, ginawe etungan 6 iji. b. anane laras nêm = ôngka 5 (saron) anggite Prabu Basurata ing Wiratha nalika taun 407 zie Basurata. c. zie nênêm

Nom Kw.:

nèm, taruna, mudha, 2. nom zie suka, 3. abdi dalêm kanoman (kaparak) ampilane upacara ngarêp, 4. abdi dalêm kanoman (kaparak) kèhe 34 kalêbu panèwu mantri sajajare aran sagolongan, gêgamane tamèng towok, pagaweane rumêksa kori kamandhungan, anane prajurit kanoman wis dhèk jaman Mataram, têgêse kanoman = pilihan kang ênom-ênom

--- 1 : 207 ---

Numbakanyar (wadu aji).:

Kang aran bumi numbakanyar iku bumi tanah Pagêlèn kang wetan, kabubuhan nyôngga bau suku, zie sèwu.

Numbak kêncêng:

' = gawe

Nambang liring:

Kang ingaran ciri nambang liring, jaran pancal ugêl-ugêle têlu, utawa unyêng-unyêngan loro prênahing dhêngkul, ciri karo pisan watêke ala.

Naga:

Arêping naga ing dalêm pitung dina, kaya ta:

Ngahad marêp mangalor - Sênèn, Salasa marêp mangulon - Rêbo, Kêmis marêp mangidul - Jumungah, Sêtu marêp mangetan

Naga:

zie gamêlan

Nagara Kw.:

radya, rajadi, rajadhiyan, rajyang, rajdyang, rajdyangdhan, kitha, kutha, pura, puraksa, praja, mudraka, nagara, panjang apunjung, pasir awukir, loh jinawi, gêmah aripah, karta raharja.

Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir sagara, wukir gunung: nagara ngarêpake sagara, ngungkurake gunung (= Samarang), loh: tulus kang sarwa tinandur, jinawi: murah sandhang pangan, gêmah, ripah: Kw. niet. karta, raharja: wis ngarani, gêdhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane

Nagarancak (katuranggan):

Kang aran nagarancak iku jaran kang korut utawa konus awake, karosane, atine utawa panggraitane, isarate: yèn jaran mêntas ditunggangi utawa dikitêrake prayoga dicaraki§ dicaraki iku dikocori banyu cangkême. kang rêsik, mungguh patrape katindakna ambal- ambalan sasuwene jaran isih ditêgari, utawa dikitêrake, awit jaran kang rinèh sirige sapêpadhane, iku yèn ora kabênêran [ka...]

--- 1 : 208 ---

[...bênêran] sok gawe korut utawa konusing awake, kaya ta: 1. korut awake, iku banjur kuru sarta kêlangkèt. 2. korut karosane, iku nuwuhake medane banjur ambandhang, sabab pancèn wis sayah isih disêngkakake lakune saking sing nunggang ora sumurup, mulane mêtu dhosone: ambandhang. 3. korut atine, iku jaran sing tansah muyab atine, jalaran sabên-sabên ditunggangi tansah kaunggar, wusana dadi jalaraning muntabe atine mau. 4. korut panggraitane, iku amarga ing ngarêp ênggone nêgari tansah diosikake bae, supaya enggala wêtuning panggraitane, têmahan andadèkake bubrahing lakune sarta kapintêrane. Mulane wong nêgari jaran iku sapira ênggone nyêngkakake wêtuning panggraitane supaya tumuline duwe kapintêran kang sarana katandukan pangrèh, iku ora tinggal mawa ngarêm-arêmi atine murih aja kongsi korut atine lan sapanunggalane mau.

Mungguh nyaraki iku dadi sarana bisa marèkake jaran kang nêmahi kaya ing dhuwur mau.

Nagakêras (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris naga kêras, luk 7 nganggo kêmbang kacang, sogokan godhong lung-lungan grènèng sungsun.

Nagakusuma:

zie têmbang gêdhe en zie Nagabônda, laku 18, pêdhotan 6, 6, 6 x 5 = 30 x 2 = 60

kandhêg lampahira / Prabu Yudayana / nèng jawi wiwara / dyah kang tinututan / datan kawistara / akandhêg sungkawa //

tyas karantan-rantan / tansah ngimur-imur / manabdèng kêkidung / manis manuhara / sri nagakusuma (= Prabu Yudayana) //

--- 1 : 209 ---

...satu halaman kosong.

--- 1 : 210 ---

Naga dina I:

Iki kawruhana lakune naga dina, têgêse sabên dina ngalih, kanggo lêlungan golèk siti payah, aja nêrak panggonaning naga, kaya ta dina

Jumungah, naga ana wetan marêp mangulon, Sêtu, naga ana kidul wetan marêp ngalor ngulon, Ngahad, naga ana kidul marêp mangalor, Sênèn, naga ana kidul kulon marêp ngalor ngetan, Slasa, naga ana kulon marêp mangetan, Rêbo, naga ana lor kulon marêp ngidul ngetan, Kêmis, naga ana lor wetan marêp ngidul ngulon.

Naga dina II:

Jumungah marêp mangetan, Sêtu, Ngahad marêp mangalor. Sênèn, Slasa marêp mangulon. Rêbo, Kêmis marêp mangidul, zie naga bov

Naga dina III:

Naga dina, naga pasaran: lakune dhewe-dhewe sabên dina ngalih, sarèhning etung 7 lan 5 ora bisa cocog, ana uga kang cocog sajrone salapan dina ping lima, kang ping têlu ambaladhêg, ing dalêm têlung dina, kaya ta:

Ngahad lor, Sênèn lor wetan, Salasa wetan, Rêbo kidul wetan, Kêmis kidul, Jumungah kulon, Sêtu kidul kulon,

--- 1 : 211 ---

Kliwon kidul, Lêgi kulon, Paing kidul kulon, Pon lor, Wage wetan, kang tumbuk Ngahad Pon lor, Salasa Wage wetan, kang ambaladhêg, Kêmis Kaliwon kidul, Jumungah Lêgi kulon, Sêtu Paing kidul kulon

Naga taun I:

naga taun iku mlakune manêngên, sabên têlung sasi ngalih panggonan, kaya ta:

Sura, Sapar, Mulud, ana wetan - Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir, ana lor - Rêjêb, Ruwah, Pasa, ana kulon - Sawal, Dulkangidah, Bêsar, ana kidul - zie pawukon blz 9-10, zie sasi (2), zie ben

Naga taun III:

en jatingarang. Naga taun iku mlakune mangiwa, naga jatingarang iku mlakune manêngên: sabên têlung sasi ngalih, manggone wus kapathok, sarèhning lakune beda sarta dununge pisah, mulane ora bisa gathuk, kaya ta:

naga taun ana lor, naga jatingarang ana wetan: mangkono ing sabanjure, nanging ana kalane sabên têlung sasi gathuk, kaya ta:

Sura, Sapar, lor en wetan, Mulud, wetan, wetan

--- 1 : 212 ---

Naga taun II:

lakune sabên têlung sasi ngalih, wijange kaya ing ngisor iki:

Sasi Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, sirahe ana kulon, pêthite ana wetan, wêtênge ana kidul, gigire ana lor, nglirik mangetan, katrangan

Sasi Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah, sirahe ana wetan, pêthite ana kulon, wêtênge ana lor, gigire ana kidul, nglirik mangulon, katrangan

Sasi Pasa, Sawal, Dulkangidah, sirahe ana kidul, pêthite ana lor, wêtênge ana kulon, gigire ana wetan, nglirik mangalor, katrangan

Sasi Bêsar, Sura, Sapar, sirahe ana lor, pêthite ana kidul, wêtênge ana wetan, gigire ana kulon, nglirik mangidul, katrangan

--- 1 : 213 ---

Naga sasi

1 - 11 - 21 ana ing langit, tunggangane gêlap

2 - 12 - 22 ana ing bumi, tunggangane naga

3 - 13 - 23 ana ing kulon, tunggangane sapi

4 - 14 - 24 ana ing kidul kula, kulon. tunggangane wêdhus

5 - 15 - 25 ana ing kidul, tunggangane macan

6 - 16 - 26 ana ing kidul wetan, tunggangane gêni

7 - 17 - 27 ana ing wetan, tunggangane gajah

8 - 18 - 28 ana ing lor wetan, tunggangane mega

9 - 19 - 29 ana ing lor, tunggangane jaran

10 - 20 - 30 ana ing lor kulon, tunggangane blêgdaba