Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Ka:

1. ka aksara gorokan zie ha

2. ka, aksara antasastra zie ha

3. ka, dadi atêr-atêring têmbung lingga, ingaran: tanggap ka zie tak

4. ka, yèn karakêtan sandhangan swara [...]Huruf Jawa: pêpêt. ingaran: bawa ka, kaya ta: kawalik (lagi diwalik), kêwalik (wis kabanjur mêngkono

Apa bedane tanggap lan bawa: ka, tanggap ora bisa luluh lan aksara purwaning lingga, nanging bawa: ka mêsthi luluh, kaya ta: kaèmbèt, beda karo: kèmbèt. Kaulu, beda karo kolu.

5. lingga têlung wanda kang apurwa aksara: ka, binedakake panulise, kaya ta: a. katela, kacipir enz. i. kilayu, dening ana: ya. u. kuwèni, dening ana: wa. e. kêmadha, dening ana: neuskl.

6. kh, dz, ph, z, gh, ingaran aksara rekan, mung kanggo ing têmbunge bôngsa sabrang bae, kang akèh têmbunge bôngsa Ngarab, kaya ta: Khasan, khewan, dzawud, dzikir, Phatimah, phaidah, Zenal Ngali, zakat, Ngabdul Ghani, ghaib.

7. Ka, mahaprana zie Na.

8. Pasangan ka, ta, la, dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: [t...]

--- 1 : 302 ---

[...a:] Bêskat, bêkti, taklim. Nanging yèn karakêtan sandhangan suku, cakra lan pengkal apadene gêmbung, mulih marang asale dadi aksara manèh, kaya ta:

[...]Huruf Jawa: suku. anggèn kula botên tumut lumajêng, amargi

[...]Huruf Jawa: cakra. dipun krawus mas kêtib Trayêm

[...]Huruf Jawa: kêrêt. nèng alas Krêndhawahana, têntrêm, lrêplêrêp. tigang ari

[...]Huruf Jawa: Pengkal. paman kyai orêm tyasnya, tan lyan kang kaciptèng galih

[...]Huruf Jawa: Pengkal. tuwan Kwarlês twèdhê litnan

9. Ka - an of ên

Rimbag ing dhuwur iki aran

a. tanggap: ka, ing i kriya, kaya ta: katampanan panambang rangkêp têgêse: lagi ditampani.

b. wisesa na bawa: ka, kaya ta: kêtampan, nganggo kê lan panambange lômba, têgêse: wis ditampani.

c. bawa wacaka, kaya ta: kawibawan, panambang lômba, ora ana dumukane.

d. bawa wacana, kaya ta: kapatihan, panambang lômba, ana dumukane.

e. adiguna, kaya ta: kêdawan, kacêndhakên, panambang lômba, têgêse: kurang luwih.

--- 1 : 303 ---

Ka:

1 Tj. b. ênggon, 2. kw. iki, ing

Ki:

1 Tj. b. tinuwa, 2 kw. iki, ing kene

Ku:

1 Tj. b. kudu, 2 kw. aku, iki

Ke Kw.:

ing kene

Ko:

1 tanggap madyama purusa, zie tak 2. Kw. sira

--- 1 : 304 ---

...Hal. 304 an 305 kosong.

--- 1 : 306 ---

K:

Swaraning: ka, yèn dadi sêsigêging wanda karakêtan sandhangan swara: klinkèr ana ngarêp: katon, ana ing buri: ora katon, kaya ta:paksa - awak, tikbra - rêsik, sukci - sesuk, kèksi - golèk, Oktobêr - kathok

Nanging yèn sandhangan swara [ê]Pêpêt. katon, sanadyan sigêg ngarêp utawa ing buri padha bae, kaya ta: rêksa, watêk. Mung têmbung Arab, swarane akèh kang ora nêtêpi ugêr, kaya ta: makripat, iktiyar, mukjijat enz.

Kah:

Tj. b. tindak

Kih:

Tj. b. nièt

Kuh:

Tj. b. nièt

Kèh:

Tj. b. angkara

Koh:

Tj. b. sapi

Kêh:

Tj. b. nièt

--- 1 : 307 ---

Kano:

' = kanwa. a. Prabu Kano = Kanwa ing Mêndhangkamulan, iya ing Purwacarita, karsa mêwahi ricikane gamêlan lokanônta ingaran caluring (= suling), wuluh bobot sari bolong papat, sarta salundhi (= saron) sapangkon cacah patang wilah, barêng wis dadi: gamêlan lokanônta dibalèkake manèh marang Kaendran, sinangkalan: karêngyaning swara tri = 376.

b. Prabu Kano = Kanwa karsa nganggit gêndhinging gamêlan lokanônta ingaran: playon, ing padhalangan angarani ayak-ayakan, sinangkalan ngèsthi swara kang tinonton = 378.

c. Tunggal warsa Prabu Kano = Kanwa karsa yasa têtabuhaning prang ingaran pradôngga, larase: salendro = surendra, ricikane: têtêg, pamatut, gubar, bairi = bèri spr. kalasôngka, gurnang, gong maguru gôngsa, gêndhinge: slukatan.

Kêne:

Kêne iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, unine kaya swaraning musik.

Kinanthi (têmbang macapat):

laku wolu, kaya ta: u - i - a - i - a - i // 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8

--- 1 : 308 ---

Lênglênging tyas mangu-mangu / kadi pêjah tanpa kanin / lah ta sapa iki baya / rabine ingkang palinggih / apa hapsari suwarga / kalangênan anèng wukir // zie Harjunasasra. en zie Puntadewa, Arjuna en Pêrmadi = Pamade. en zie bathikan

Kênècê:

Kênècê iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Kênari:

Kênari iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing pulo Kênari, unine bêcik dumêling, kêna diingu, mangan bêras utawa kênari.

Kinikir: Kênikir.

Kêmbang ... wangsalan Tjent. Kêncana rinumpaka olèh dening: kikir

Kênèk kusir:

zie abdi dalêm kadipatèn anom letl. r en o kapatihan letl. l

Kunir awuk tanpa jalu:

' = taun 0001. P.R. I 68-7 lumrahe: nir wuk tanpa jalu.

Kunarpaning taun:

zie taun purwa madya wasana en zie taun (4)

Kanoman:

zie dhadhap alus

Kanigara:

Araning monggang kang diunèkake sabên Garêbêg, gonge aran Kyai Kanigara. en zie monggang letl. a. Kêmbang kanigara Kw. = tarnikara

Kênong:

zie gamêlan (ricikan) letl j

Kênong:

zie gamêlan (laras) letl. f

Kênong:

zie srandu kênong

Kênong:

' = kala zie lokanônta

--- 1 : 309 ---

Kinang:

Wiwite ana wong nginang

Sapisan, saka widadari pêpitu ing kaendran, Dèwi Supraba enz, zie badhaya, kang minamahpinamah. mung jambe thok, mulane tinêmbungake: mucang, mung ginawe tômba untu, ora murih abang, sinangkalan rudra obah paksa muksa = 0269 P. L. I. 248-6 v.o.

Kaping pindho, Sang Hyang Kumajaya lan Dèwi Ratih karsa anggantèn warna têlu, jambe, gambir lan ênjêt, bisa ngabangake lathi, mulane ana têmbung: nigan ka. Nanging nêlu N. ora kanggo, sinangkalan rasa gora kacaksuh = 276. id. 253-4.

Kaping têlu, Sri Maharaja Kano (= Kanwa) = Bathara Wisnu ing Purwacarita, karsa mêwahi aduning kinang suruh lan bako, dadi ing mêngko ana limang warna: gambir, jambe, ênjêt, suruh lan bako, sinangkalan pôncawarna katon muluk = 0345 id. II 42-9.

--- 1 : 310 ---

Kuning:

a. Kuningan iku dudu pêlikan, pamoring têmbaga lan sari: dadi kuningan, panyampure têmbaga sakati, sari satêngah kati, iku dadi kuningan bêcik, yèn adon gathuk, sakati padha sakati dadi kuningan ala, gêtas dipalu atos, dikikir mlèsèt, pangêjore sarana kowèn.

b. Kuningan kang bêcik dhewe: jênar, kang sêdhêng: ijo, kang asor: abang.

c. Rêganing kuningan kang bêcik sakati: f 012,5, kang ala sakati: f 7,5. d. Rêganing têmbaga sakati: f 2,5.

e. Rêganing sari: f 1,5. f.

Pirantine tukang kuningan: 1. paron, 2. palu rupa papat, gêdhe, dhara, cilik sarta pêthil, lan tampèl kanggo malu barang tipis, 3. kikir rupa-rupa, kaya ta: kikir gilig, dhadha walang, kikir wilah, pangêsik, pangêlus

--- 1 : 311 ---

Kuning:

Kyai Agêng… zie Sela no. 9

Kuning (katuranggan):

Jaran wêton kuningan kang akèh cilik-cilik, pasêmone galak, mripate pêndul, atine bantêr.

Kuningan:

Tukang ... zie abdi dalêm kêmasan letl. b.

Kuningan (wuku):

zie wuku têlung puluh

Konang Kw.:

kardipta, karli, karlipa, prawiksa, paryana

Konang Amangkurat:

Jaran ciri konang Amangkurat, unyêng-unyêngane naraju ambalabar têrus ing wêtêng, ing andhêman lan ing purus, iku ngrêjêkèni agung.

Kênanga Kw.:

kalak, puspagiwang

Kênanga:

Wangsalan Tjent. bonang apêncil, olèh dening kênong

Kênong:

nyai ... zie T. H. no. 4

Kunci:

zie wit

Kêncana:

Kangjêng ratu zie K. G. no. 59

Kêncana Wungu:

zie Ngimagiri no. 195

Kêncur:

zie wit

Koncèr:

zie kêbo

Kêncrong:

zie gend. gêndèr

Kancil Kw.:

awika, kancita, sahasa, sasa, wariga, palguna, marguna, makala, maguna

Kancil bêlik:

Kêndhang kyai ... zie gamêlan karaton letl. a

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. III karsa yasa gamêlan slendro, kaparingan aran Kyai Kancil Bêlik sinangkalan: wêlut anglèng obah ing bumi = 1693

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B IV Kyai Kancil Bêlik mau katabuh sabên ngajar kalangênan dalêm Badhaya Srimpi, sarta sabên malêm Rêbo katabuh ana paseban srimanganti kulon nganti tumêka jaman kaping VII.

Kêncêng:

zie gend. gêndèr no. 4

Kuncung:

zie srandu jaran

--- 1 : 312 ---

Koncang:

zie gend.

Kêncèng barong:

zie gend. slend. pat. sng.

Kênur (kawruh êmpu):

Wêsi kênur iku rupane irêng kaya wulu gagak, yèn ditonton wingit amêdèni, yèn diputih ing jêruk pêcêl rupane biru, yèn dithinthing unine: srung, brangêngêng landhung kaya sungsun, wêsi iku ora kêna kêpanasan, bisa dadi êmpuk, yèn diusap sabarang gêtih dadi atos manèh sarta dadi têguh, yèn ginawe dagang akèh bathine, wong lanang lan wong wadon padha asih trêsna, sing nganggo sakarêpê dadi, sarta sinung têguh, iya iku kang dadi têtalining wêsi kabèh, asale saka lak-lakane Hyang Mudhik Bathara, nalika tapa ana sajroning sêgara, alune kang cinipta dadi wêsi, ingaran: wêsi kênur, kang dadi pangane lênga candu.

Kunta:

zie gend. slend. pat. sng.

Kantar (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kantar luk têlulas kêmbang kacang, lambe siji, srawean, sogokan ngarêp.

Kintaka:

zie wadu

Kintêl:

zie kêbo. En zie srandu jaran

Kontulan:

zie pari

Kanwa:

' = Kano

Kêndhi:

zie upacara letl f en zie tawon

Kêndhi:

a. yèn dikrêbêgake ing gênthong, b. yèn diisèni banyu saka ing kêndhi ora ilok, dadi pangane Bathara Kala.

Kundhi:

zie abdi dalêm kêmasan letl. l

--- 1 : 313 ---

Kôntha:

zie ladr. slend. pat. nem

Kandhihawan:

' = Jayalêngkara zie pôncaniti no. 6

Kandhuruwan (waduaji):

Kandhuruwan têgêse: paserenan kuwajibane kaserenan dhawuh utawa nampurnakake parentah kang mêsthi kalakon, kaparingan lungguh bumi desa 325 karya utawa 81 1/16 jung.

Kêndhit kêwêtu:

Ciri jaran kêndhit kêwêtu, unyêng-unyêngan kêpipit ing pinggang, kaya watêke kang ngingu anggung kasusahan.

Kondhisi:

Uruting kondhisi sabên Garêbêg kang muni ing layang J. Z. I 268 kaya ing ngisor iki: 1. Slamêting Garêbêg, 2. Wilujênge Kangjêng Sri Maharaja, 3. Wilujênge kangjêng tuwan bêsar, 4. Wilujênge dalêm, 5. Wilujênge kangjêng tuwan residhèn, 6. Wilujênge kangjêng gusti pangeran adipati anom, 7. Slamête para putra sêntana dalêm, 8. Slamête pulo Jawa J. Z. I 268, Kabèh mau kang mangandikakake kangjêng tuwan residhèn, mung wilujênge kangjêng tuwan residhèn kang mangandikakake Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Kêndhali:

zie kambil karajan. zie kapa of kêkapa. zie rèh letl i. Kêndhali iku kang rangah rupa loro, ana kang unène rolas utawa nêmbêlas sisih, kang unèn nêmbêlas ingaran buntala. Kalinging kêndhali kang minôngka sambungan ingaran [i...]

--- 1 : 314 ---

[...ngaran]

pakêm, kang olèh gêlangan ingaran: bungkul, mungguh dhapuring gêlangan iya ana rong rupa, kang giligan ingaran: lus- lusan, kang gêlit-gêlitan ingaran: klenthangan. Kagungan dalêm kêndhali aran Kyai Macan Guguh, iku dhèk jaman Majapahit agême Prabu Brawijaya. Anadene dawa cêndhaking kêndhali ana paedahe dhewe-dhewe, awit jaran iku ana sing dhêmên dilèrègi, ana sing dhêmên dislêkêki, yèn dhêmên lèrèg, môngka dislêkêk, iku bisa anjalari dadi aboting lambene, kosokbaline dhêmên dislêkêki, jêbul dilèrègi, iku bisa andadèkake monyar-manyiring§ Monyar-manyiring lambe iku têgêse: ora ajêg. lambene.

Anadene kêndhali kanggo ngajari jaran kang ènthèng lambene utawa jaran kang isih nom bubar rampas luwih manèh kang durung rampas, iku kêndhali kang kêthul bae, iya iku unène kapapaka kang nganti cêndhak bangêt, orane mêngkono butuhan, kêndhali iku kablêbêda kang abangêt kêncêng.

Kandhuyu:

jaka ... = sri mahapunggung, zie pôncaniti no. 5

Kôndhamanyura:

zie ladr. slend. pat. many.

--- 1 : 315 ---

Kêndhang:

Klowongan kêndhang kang bêcik iku kayu nôngka, wangune kaya jambe. Panggarape kang dianggo piranti: tatah karo bur (kanggo ambolong). Panggarape ing jaba: pirantine pêthèl karo pasah. Mênawa wis warata pamasahe, banjur diwatu kambang, banjur dirêmpêlas.

Klowongan kêndhang iku: kang dhuwur dibolong loro, godhage bolongan mau anaa sêkilan, banjur didokoki cêplok kuningan, dhapure manggisan, sandhuwuring manggisan: dêlangan cilik.

Tapêl wêngku wilah pring ori, diongoti kang alus, banjur diêluk bundêr kaya wêngku tebok, gêdhe siji, cilik siji.

Walulang wêdhus Jawa lanang wadon kêrokan alus, diêkum ing banyu. Yèn wis anggabêbêr walulang wêdhus wadon ditrapake ing wêngku kang gêdhe, sarta pangguntinging walulang kudu diturahake rong nyari mubêng. Iku bakal katalibake ing wêngku. Pirantine gawe tebokan mung wilah kaya solèt utawa wilah loro kanggo mênthang wêngku supaya ora benjo walulang wêdhus lanang ditrapake ing wêngku kang cilik, patrape padha bae, banjur diêpe.

--- 1 : 316 ---

Panjalin cacing, yèn cilik kairat loro, kang gêdhe dipratêlu, diongoti kang alus, banjur dikum ing banyon supaya irêng.

Panjalin diirat cilik-cilik ginawe suh, panggawene ora bodabeda. karo gawe suh sapu, mung kacèk suh kêndhang cilik, banjur dikum ing banyu supaya irêng.

Piranti tebokan, panjalin irêngan kang wis diirat lan suh, ditrapake ing klowongan kêndhang. Patrape pamangkise mangkene:

Tebokan lulang gêdhe cilik mau kaukur ing jôngka pinggire mubêng. Yèn wis kubuk banjur dibolongi sanga, pambolonge mèpèt karo wêngku. Tebokan kang gêdhe banjur ditrapake buwêngane ing klowongan kang gêdhe. Tebokan kang cilik ditrapake buwêngane kang cilik, banjur ditalèni ing kêndharat, utawa pinggire tebokan nganggo dithuthuki supaya bisa mèpèt utawa warata. Bolongane tebokan banjur dilêboni panjalin irêngan irat-iratan dawa, wiwite dilêboni saka bolonganing tebokan kang gêdhe, banjur dislupi suh, panjalin banjur dilêbokake ing bolongan tebokan kang cilik, banjur bali malêbu ing kolongan suh mau, sarta banjur malêbu ing

--- 1 : 317 ---

bolongan tebokan gêdhe manèh, banjur bali dilêboni suh manèh, banjur malêbu bolongan tebokan cilik manèh, banjur bali malêbu bolongan suh mau, banjur malêbu bolongan tebokan gêdhe manèh, patrape bola-bali mangkono. Yèn wis kêmput, banjur diwawal supaya kêncêng, nganti ing dhuwur sacêdhaking manggisan kang kiwa.

Kêndhang:

cilik zie gamêlan (ricikan) letl o.

Kêndhang kêtipung:

zie gamêlan (ricikan) letl. p.

Kêndhang gêdhe:

zie gamêlan (ricikan) letl. q.

Kêndhang pamatut:

zie lokanônta. Ing ngisor iki araning kêndhangan loro tumrap ing gamêlan Carabalèn, saka sasurupane Kyai Dêmang Guna.

--- 1 : 318 ---

...Hal. 318 kosong.

--- 1 : 319 ---

Sêtika abdi dalêm lurah niyaga têngên, mungguh araning kêndhangan mau ana pitung warna ingaran: tangguh: kaya ta: 1. Mataram, 2. Madura, 3. Pathi, 4. Jongkèri, 5. Pisangan, 6. Pisang Bali, 7. Sêkar gadhung

Dene kang kanggo ing lawung gêdhe, iku kêndhangane nganggo lagu Pathi.

Kang kanggo lawung cilik, gêndhing êmbat-êmbat pênjalin, iku kêndhangane iya aran: kêndhangan êmbat-êmbat pênjalin, dadi katut araning gêndhing.

Anadene kêndhangan loro tumrap ing ladrangan liyane Carabalèn, iku ana têlung warna, kaya ta:

a. Kêndhangan loro ladrangan, gonjang-ganjing, ladrang manis sapanunggalane.

b. Kêndhangan kêtawang, c. Kêndhangan sobrang barang ... padha duwe lagu dhewe-dhewe

Pandangon nalika kaping 4 Mulud Dal 1831.

Kandhang macan: zie dhatu (10)

Kinjêng Kw.:

kipada, trawanggana, trungka, sadapada, gambya.

Kênya:

zie wadu

Kênya Kadhiri (têmbang têngahan):

zie gambuh II. u - i - u - u // 12 - 8 - 12 - 12

--- 1 : 320 ---

Sêsirikan ila-ila balung janur / sapa yogya ngusadani / pangikêting dhustha wong anganyut tuwuh / laraningsun dadi kêkêmbanging lampus //

Kanyut:

zie gend. slend. pat. nem.

Kanyut:

zie Arjuna

Kanyut:

zie Krêsna

Kanyut (padhalangan):

Kanyut balencong: Kang yasa wayang purwa Kyai Kanyut, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara II ing Surakarta nalika taun 1704 zie Mêngkunagara II letl. c.

Kênya wandu (padhalangan):

Anane buta kênya wandu anggite Kangjêng Pangeran Pugêr ing Kartasura, kanggo sangkalan gone karsa yasa wayang, nalika taun 1625 zie Pugêr.

Kênya puspita:

zie abdi dalêm wadon no. 20

Kanoman:

zie abdi dalêm kaparak kiwa têngên no. 7 en 10 en zie nom.

Kênthi:

zie wangloh

Kôntha:

zie tulis

Kunthara:

patih raja ... = Jayasêngara zie pôncaniti no. 6

Kunthaka:

Kunthaka iku wong tukang gawe grabah watu, kaya ta gênthong watu, saringan banyu watu, lumpang watu sapêpadhane P. R. V. 81-5.

Kênthus Kw.:

buron alas, kanthula, katyaka, kwandaka, dumira, pênthorang, pêthangkus, gênthorang, gumira.

Kanthil Kw.:

(kêmbang) cêpaka, sumarsana

Konthol:

zie kêbo

Konthol:

zie srandu jaran

Konthol Kw.:

siraswa, landhuka, palandhungan, gintungan

Kênthang:

Wangsalan Tjent. kasuwèn anèng memehan, olèh dening kênthang-kênthang.

Kênthang rupa papat:

Jawa, Walônda, putih lan gobog

--- 1 : 321 ---

1. Kênthang Walônda, lumrahe rupane putih kêlêm, nanging kang rupa wulung iya ana.

2. Kênthang Jawa: a. Aran kênthang kêncur, wujude gêdhe dawa, rasane gêmpi, b. Kênthang milèr, wujude gêdhe dawa, rasane blêdhèh., c. Araning kênthang gobog, wujude bundêr, rasane gêmpi., Zie Brm. 1908 no. 97

--- 1 : 322 ---

Kênthang Walônda:

Kênthang Walônda iku ditandur ana ing patêgalan tanah pagunungan, panandure ing môngsa katiga bênêr, lat-late rêndhêngan akir ing dalêm rong sasi wis kêna didhudhuk, mung kênthang Walônda dhewe kang padha lan rijêki, sarta kêna digorèng.

Kênthang Jawa:

Kênthang Jawa iku ditandur ana ing patêgalan tanah lincat: lêmpung irêng, panandure ing môngsa katiga bênêr, lat-late rêndhêngan akir, ing dalêm rong sasi wis kêna didhudhuk, kênthang Jawa ora kêna diolah kayadene kênthang Walônda, kang pakolèh mung digodhog.

Koci:

zie bathikan

Kacacil:

zie nyamplung

Kêcèr:

zie kêbo

Kêcèr:

' = bèri karêcêk (gamêlan). Anane kêcèr = bèri karêcêk, saka anggite sarta yasane piyambak, Panji Inokartapati ing Jênggala, nalika taun 1131 zie Kartapati.

Kêcèr zie wit (krambil)

Kucur:

' = wulu wajik zie srandu jaran

Kêcrit (waduaji):

Têgêse kêcrit = cêrêt, iya iku kaperang manèh dadi sapara sawidak papataning jung = 1/64 wijangane mangkene:

Patang karya iku padha lan sajung, Saparoning jung = kikil = 1/2 jung, Saparoning kikil: bau = 1/4 jung, Saparoning bau: lupit = 1/8 jung, Saparoning lupit: iring = 1/16 jung

--- 1 : 323 ---

Saparoning iring: idu = 1/32 jung, Saparoning idu: kêcrit = 1/64 jung

Dene pajêge sabên bau siji sêsasi rong suku, banjur dipengake 12 sasi, dadi wong bau siji 24 suku, dadine saiki = 12 rupiyah utawa 144 wang, dadi dhèk jaman samana pajêge bumi sajung mung 24 reyal, reyalan 24 wang dadine uwang 576 wang iku kajaba dhuwit bau sabên wong siji: 6 wang.

Dene pajêg dhuwit mau yèn kawêtokake pajêg pari, ing dalêm bau siji 24 gèdhèng, iya iku etung saamêt, nganggo luwihan sagèdhèng, diarani pari entra, têgêse minôngka tôndha antaraning saamêt, wusana dadi maton etung 25 gèdhèng, pati entra, dadi ing dalêm bumi sajung pajêge 4 amêt, dene udhune nganggo perang -perangan manèh, kaya ta:

Yèn pajêg bumi sakikil 2 amêt = 50 gèdhèng

Yèn pajêg bumi sabau 1 amêt = 25 gèdhèng

Yèn pajêg bumi salupit 1/2 amêt = 12 1/2 gèdhèng, sawuwa

Yèn pajêg bumi sairing 1/4 amêt = 6 1/4 gèdhèng, sasôngga

Yèn pajêg bumi saidu 1/8 amêt = 3 1/8 gèdhèng

Yèn pajêg bumi sakêcrit 1/16 amêt

Saamêt 1, sawuwa 1/2, sasôngga 1/4, sabawon 1/8

Sagèdhèng = rong bêlah

Sabêlah: = rong pocong, Sapocong = rong agêm. Saagêm = rong têkêm. Satêkêm = rong tanggapan

--- 1 : 324 ---

Bab kêcik:

Kêcik iku isi sawo lan isi tanjung. Kêcik isi sawo kêna diadu sarta ditotohi, nanging kêcik tanjung ora. Prayayi ing Surakarta lan ing Ngayogyakarta akèh kang padha dhêmên angadu kêcik, yèn ing Surakarta pirantine angadu kêcik warna 2: 1. Plepetan nganggo piranti plepetan, 2. Kêbukan nganggo piranti kêbuk.

Plepetan iku ngadu butuhan, sing jênêng plepetan iku wilah, kanggo mlèpèt kêcik kang didu. Kêcik 2 ditumpuk adu gêgêr, kang ana ing dhuwur diarani ngêncik, kang ana ing ngisor diarani nyôngga, yèn kang dhuwur cucuke ana lor, kang ngisor cucuke ana kidul, pamasange têngah bênêr, plèpèt mau bongkot lan pucuke dinêti tangane kiwa kang ngadu, tangane têngên kang ngadu masang gênti-gênti angowahi, padha murih kapenake pamasanganing kêcik, yèn wis rampung pamasange padha wanine, kang ngêncik banjur nêbak.

Kêbuk iku kang lumrah kayu jati, dawane 1 1/2 kaki, kandêle 2 dim, ambane 4 dim, pinggirane dilingir-lingir kiwa têngên, mung ing têngah kandêle luwih 2 dim ambane uga luwih saka 4 dim sarta kagawe pasagèn, ing dhuwur katumpangan kayu sawatara cilik uga pasagèn, banjur katumpangan kayu sawatara cilik manèh uga dhapur pasagi, banjur katumpangan lulang kandêl, iya iku kang kanggo papaning kêcik kang didu, ngisore pasagèn nganggo pênthol, gêdhene sapanyêkêl, dawane 3-4 dim, kanggo cêkêlan yèn nyawang pasanganing kêcik, pungkasaning ujur kiwa têngên didokoki sikil, tapake bundêr, ing têngah ginêgêl-gêgêl, [gi...]

--- 1 : 325 ---

[...nêgêl-gêgêl,] dhuwure 5-6 dim, ngungkuli dhuwuring pênthol têngah, sadhuwure didokoki adêg nêlung dim 2 sisih bênggang nyadim, nganggo bolongan têrus dhapur ambata miring, piranti sindik iya iku kanggo jêpit palèpèt, kang kiwa disindik mati, kang têngên disindik bukakan, plèpèt kang manjing ing kêbuk iku kang têngah dibuntêl ing lulang, dawane satêngah kaki. Ngadu kêcik ana ing kêbuk iku yèn wis rampung pamasanging kêcik kang didu, nuli diblêbêt ing suwekan mori, dawane 1/2 elo, ambane 2 dim, banjur dithuthuk, thuthuke kayu kang atos, kapêtha kayadene tabuh kêthuk tanpa blêbêt, diarani kênul, dene kang balêbêt, ngênul, ngudhari balêbêt, lan pamasange kêcik kang wiwitan kang duwe wajib kang ngêncik, mula wis dadi kalumrahane yèn ngêncik iku kudu angalahi tandhing.

Warna-warnaning kêcik:

1. Lèmèt utawa gêpak, sawo siji isi 2 padha gêpak.

2. Plêngkung, sawo siji isi 3 kang 2 plêngkung, rupane gêpak amalêngkung kang siji panggonan cangkêm anglading, diarani bulading.

3. Giwang, sawo siji isi 2, padha miring satêngah lèmèt.

4. Guling, sawo siji isi 3.

Kang siji lèmèt gilig, kang 2 miring kayadene giwang, nanging gilig.

5. Patan, sawo siji isi 4 kang 1 plêngkung rada gilig kang 3 guling.

6. Liman, sawo siji isi 5 kang 2 plêngkung, kang 3 guling sawênèh kang 2 plêngkung, kang 2 guling, kang 1 bulading.

7. Pathak asu, sawo siji isi 2 adu cangkêm padha anggithing, mula uga diarani githing.

8. Lanang, utawa jêndhul, sawo siji isi siji, rupane satêngah gilig.

Wujuding kêcik 8, bab mau ana kang jênêng bajang, bêkisar lan lêmèt.

1. Kang jênêng bajang iku wujude cilik, cangkême jêro, teponge kang cêdhak cangkêm trèpès

--- 1 : 326 ---

cucuke gêdhe, nadyan wis garing bangêt, ora koplak, ana kang koplak nanging lirih, awit saka kandêling cangkok, lan isine mung sathithik.

2. Kang jênêng bêkisar iku bajang rada gêdhe sarta koplake rada sêru.

3. Kang jênêng lêmèt iku bêkisar gêdhe.

Mungguh bajang, bêkisar lan lêmèt mau tumrap ing sakabèhing kêcik, sarta sawo siji upama isi loro, têlu, papat lan lima bajang, bêkisar sarta lêmète mêsthi mung siji, dene yèn lanang bajange diarani bedhor.

Saranduning kêcik: 1. Cangkêm, ana ngiringan kang rupane putih, bongkote sacêdhaking tepong nganggo mênthil, diarani susur. 2. Tepong, wêkasaning kêcik kang jêmbar. 3. Susuk, iya iku kang lincip. 4. Gêgêr, suwaliking lèmèt kang mêndhukul. 5. Lèmèt, suwaliking gêgêr.

Gêgêr mau ana kang nganggo jutu, utawa sentol, jutu iku mênjutu ing têngah, sentol iku manjutu ing pinggir sacêdhak cangkêm. Susuk mau asring ana kang rupane putih utawa kuning kaya gadhing, diarani mathi. Kêcik giwang ana kang duwe tèmbèl bundêr, manggon lèmèt cêdhak cangkêm, diarani tèmbèl.

Yèn kêcik lèmèt tanpa tèmbèl, nanging yèn dhèmpèt lèmète kaya tèmbèl gêdhe, diarani walun, yèn ing gêgêr sajak ana kaya tèmbèling walun, diarani sudhung. Yèn lèmète pating glalêr, diarani galar.

Sandhuwuring cangkêm ing tepong, yèn ana mênthile, diarani pênthil, yèn kêcik jêndhul diarani kêcik nyêrèt, awit dhapure mênthil mau kaya cupaking bêdudan. Kêcik kang didu nganggo ditotohi kumung lèmèt, mlêngkung, guling, bajang, bêkisar lan lêmèt. Jêndhul, giwang sapanunggalane iya kêna didu lan ditotohi, nanging tumrap ing bocah, mung nganggo piranti plèpèt.

--- 1 : 327 ---

Pamilihing kêcik: 1. Wônda kang bagus, 2. Sêrating cangkokan alus, 3. Dhapurane kang kêncêng, 4. Cêndhak utawa lunthu, 5. Cucuk kang gêdhe, 6. Cangkêm kang ciyut kang jêro, 7. Tepong kang bundêr, sacêdhaking cangkêm kang trèpès, dadi wangun kaya bajang, 8. Lèmète kang rata, kang kapenak pasangane, nadyan palêngkung iya kang kapenak pasangane, 9. Gêgêr kang mungkrug, 10. Pasangane kang sêmu miring

Tanahing kêcik kang atos: 1. Jarak, desa jarak ing Mangkunagaran Surakarta, 2. Baran, desa ing Baran ing Surakarta, 3. Giribalung ing Ngampèldênta, 4. Caruban lulang, ing Caruban, 5. Trêbang utawa bonggol ing desa Wotgalèh Ngayogyakarta, 6. Kanthil, desa Wotgalèh Ngayogyakarta, 7. Gadhing, ing Peroyudan Ngayogyakarta

Kabèh mau atose bisa tandhing karo bêkisaring kêcik liya-liyane. Mung sing diarani jarak Giribalung, Caruban lulang, iku ing saiki uwite sawo wis mati, kabèh mung kari pranakane bae, nanging atose iya isih luwih, pranakan jarak ing Surakarta akèh bangêt, kaya ta: ing jêro karaton, ing Mangkunagaran, ing Joho Sukaharja, lan liya-liyane.

Wanguning Kêcik

Wanguning kêcik 7 bab iku dhewe-dhewe, kaya ing ngisor iki: 1. Jarak, sêrate alus, cangkoke tipis wulêt, rupane putih, dhapuring kêcik cêndhak, gêdhene sêdhêng, teponge jêmbar, gêgêre mungkruk, sawênèh rada miring, cangkême [cang...]

--- 1 : 328 ---

[...kême]

ômba cèthèk,cêthèk. saka tepong tumêka cucuk mèh padha ambane, susure gêdhe mungal, bundêr cucuke gêdhe dhêmpok. 2. Baran, wangunane mèmpêr jarak saka kira-kira pancèn pranakan jarak, mung cucuke kang akèh wus rada cilik-cilik. 3. Giri, sêrate alus, cangkoke kandêl, dhapuring kêcik dawa, teponge ngluncup, cangkême ciyut jêro, lan tanpa susur, ana kang nganggo susur cilik, cucuke gêdhe putih sêmu kuning, gêgêre kurang mungkrug, nanging miring, kang akèh kadunungan pèlèt gêgêre utawa ing tepong. 4. Caruban, sêrate alus, cangkoke kandêl, rupane sêmu wungu, dhapuring kêcik cêndhak gêdhe, gêgêre mungkruk, teponge jêmbar, cucuke dhêmpok, cangkême ômba, jêro, kang cêdhak cucuk ciyut rada lincip, susure gêdhe lincip, kang akèh kadunungan pèlèt pinggiring tepong. 5. Trêbang, sêrate alus, ombak bêrut-bêrut, ngantarani yèn cangkoke kandêl, rupane rada wungu, dhapuraning kêcik gêdhe cêndhak, nganti wangun bundêr, sawênèh ana kang alang lan ujure, dawa alange, dadi teponge jêmbar bangêt, cucuke dhêmpok, cangkême ômba, susure gêdhe kaya kêcik Caruban. Ana manèh kang jênêng kêcik Trêbang, nanging wêton saKulonpraga, Munthilan, pasikone mèmpêr trêbang ing Wotgalèh, kacèke gêdhe trêbang Kulonpraga, lan sêrate kasar, gêgêre kang akèh nganggo pèlèt, dene atose isih kalah lan trêbang Wotgalèh. 6. Kanthil, sêrate alus, cangkoke kandêl sêmu kuning rupane, dhapure dawa tepong lan cucuke sêdhêng, cangkêmane kaya kêcik Giri, nanging nganggo susur cilik

--- 1 : 329 ---

gêgêre arang kang mungkrug, kang akèh sêmu miring, sarta ing gêgêr akèh kang kadunungan pèlèt. 7. Gadhing, sêrate alus, gêdhe dawane lan pasikone mèmpêr kêcik kanthil, mung cangkoke putih lan tanpa pèlèt.

Pangupakaraning Kêcik: kêcik kang arêp didu iku kang prayoga sawone kang isih mêntah, sarta wiwit mêcahi sawo kêcik mau ora dilas-lus, dadi talutuhing sawo kang ana ing kêcik ora ilang, banjur dikanthongi mori, kaêpe sabên dina, nganti muput sadina-sadina, mung yèn udan kaêntas, sarta pangêntase aja nganti kawêngèn, awit yèn kêbunan kurang atosing kêcik, kira-kira satêngah sasi utawa luwih dikambang, kabèh kang kêlêm dadi kêcik adon, banjur dipe manèh uga sabên dina, muput sadina-sadina, kira-kira sapasar wiwit dicobani karo kêcik kambangan dijêjêl isining kêcik siji, panjêjêle saka lèmèting kêcik kabolong, yèn bisa mênangake kêcik jêjêlan 2 iji, banjur dicoba karo kêcik kambangan tanpa jêjêlan 1 utawa 2, yèn isih mênang sarta ora rêngka, jaha utawa ro kêna didu mênyang kalangan, dene pangêpene iya sabên dina lan nganggo dikanthongi, mung sabên jam 12 awan diêntas, supaya yèn sorene didu ora mrapak.

Galan gulan: Sing jênêng galan iku kêcik diilangi isine, disalini jabung utawa mênyan, patrape cangkême dicoplok, isi dicuthiki, sawuse kothong banjur dijêjêl ing jabung utawa mênyan, mung sawatês têngahing ujur kaprênah ing tepong, dadi ing têngah tumêka ing cucuk ora kajêjêl, nanging diisèni timbêl cilik tipis, kagubêt ing lawe, iya iku minôngka isi supaya koplak, cangkêm mau banjur ditutupi cangkêming kêcik liya kaadu [sênglat] nganggo dilawani ancur lèmpèng.

Sing jênêng gulan iku cangkême ing cucuk diuncêgi dom, banjur dicêmplungake ing godhogan gula batu kang lagi umob mual-mumpal, [mu...]

--- 1 : 330 ---

[...al- mumpal,] kang nganti kalêbon ing gula.

Ungguh galan, gulan mau ora kêna didu ana ing kalangan. Awit iku jênêng laku cidra, yèn nêrak kêna ing dhêndha, dene kang gawe dhêndhan, pranatan saka kang ngêdêgake kalangan, kang wis lumrah dhêndhane dikukup dhuwite saisih asihe,isihe.

yèn wis ora duwe dhuwit didhèdhèli panganggone.

Panandhing lan pangaduning kêcik

Nandhing kêcik iku kang pêrlu ditandhingake: 1. Gêgêr, 2. Kêncêng, 3. Lèmèt, 4. Pasikon.

Sanadyan mênang gêdhe yèn kalah patang prakara mau kêna ditamtokake kalahe, mula yèn durung paham marang kêcik pancèn angèl anandhingake, awit kang jênêng kêncêng iku mung ana wangun.

Ngadu kêcik iku kang nglarapake kêcike supaya dirakiti ing mungsuh, wajibe mènèhake sanggan. Kang ngrakiti ngêncik, yèn angrakiti kêcik iku ora kêna adungap (adu cangkêm), awit mêsthi angèl pasangane. Yèn wis dirakiti sarta padha wanine, banjur dipasrahake marang wong kang jaga kêcik ubêngan ana ing têngah kalangan, diwadhahi balabag kang dawane 1 1/2 kaki, ambane 1 kaki, sarta kang wis dilêgoki, lêgokan kang sisih diputih, kanggo tôndha kang nyôngga lan kang

--- 1 : 331 ---

ngêncik, kang wis rakitan dhisik banjur diubêngake, supaya dikawruhi marang kang padha arêp notohi, diwadhahi blabag cilik sawadhah rèk, nganggo dilêgoki 2, kang siji diputih uga kanggo tôndha kang nyôngga lan kang ngêncik. Yèn akèh kêcik kang bakal tarung, sadurunge ditarungake kapasrahake marang kang jaga ana têngah kalangan sarta banjur diwadhahi ing blabag mau, diurutake nomêre kang bakal tarung, kang arêp tarung diubêngake, satêpunge kang padha nonton, diarani pantog. Ditampakake marang kang jaga ing têngah nuli diwènèhake marang kang duwe kêcik ngêncik. Sajroning kêcik kapasang, nomêr burine diubêngake gêntèn. Satêpunge kang padha nonton, uga banjur diwènèhake marang kang jaga ana ing têngah, mangkono sabanjure.

Kêcik kang tarung sarta lagi ditampani marang kang ngêncik, sadurunge masang pratela marang kang duwe kêcik nyôngga, mratelakake yèn kêcike dipasang, sawise dipasang ana ing kêbuk, nuli diwènèhake marang kang duwe kêcik nyôngga, kêbut banjur dibukak sindike, kêcik ditonton 2 pisan, banjur dipasang manèh, yèn pasangane mung dibalèkake, mènèhake bali kêbuk karo pratela, yèn pasangane mung dibalèkake, yèn angowahi iya pratela mung diowahi sathithik. Kang ngêncik yèn durung wani pasangane iya angowahi, prakara pasangan kêcik asring suwe, gênti-gêntèn angowahi, [angowah...]

--- 1 : 332 ---

[...i,]

kang siji ngajak pasangan ana tepong (pêthitan), amarga teponge kandêl, kang siji angajak rada cêdhak cucuk (cêngêlan), amarga kapenak pasangane, yèn dipasangi teponge jêngat, iku andadèkake suwening pasangan. Yèn kasuwèn ora rampung, kudu kapasrahake marang kang duwe kalangan, supaya dipasang sabênêre, sarta disaksèkake ing akèh. Yèn wis dirampungi dening kang duwe kalangan, kudu padha narima, yèn ora narima wurung, yèn wis padha trimane kang ngêncik nuli balêbêt. Sarampunge diblêbêt, banjur dikênul. Yèn arêp ngênul uga pratela marang kang nyôngga, sawise dikênul, banjur padha ajon-ajon totohan, yèn wis rampung totohan, utawa ora ana kang notohi ajon-ajon, kang ngêncik pratela yèn arêp dibukak, banjur wiwit diudhari balêbête, nganggo diunthut sathithik-sathithik, yèn kang ngisor katon pêcah, kang akèh nganggo sumbar nandhingake, têgêse ing ngisor ditandhingi toh apa, dhèwèke arêp balikakebalèkake. toh sawatara, adat ana kang banjur nêmbung ngênêm, mitu, molu, mawa-mawa pangênule, yèn ênggone ngênul mau lirih, ngrong puluh iya wani, yèn pangênule sêru nyapuluh bae wêdi, awit sumêlang yèn wor. Pranataning ngadu kêcik, yèn ditandhingake môngka wor, kang nyapuluh kalah, dene totohan ajon-ajon (buri) bali kabèh, totohan pangarêp mênang kang nyôngga

--- 1 : 333 ---

yèn gone ngênul nganti gêdhêg ping pindho, kang ngêncik kalah, totohan buri bali, yèn pangênule kêbuk nganti rubuh, kang ngêncik kalah, pangarêp bacut, mung totohan buri bali, yèn kêcik gêdhêg, adat dibanjurake dene totohan buri wiwitan kang tantangan manèh.

Biyèn totohan buri ana têmbung ngadu kêcik, lan barès, ngadu kêcik iku wor gêcêk, kêbuk rubuh, totohane bali, barès iku wor gêcêk, kêbuk rubuh mênang kang nyôngga, nanging jaman saiki ora kanggo, totohan buri mêsthi ngadu kêcik

--- 1 : 334 ---

ngênul iku sadhuwuring cucuke kêcik kang ngisor, mula cucuke kêcik ngisor mêsthi ana kiwane kang bakal ngênul, dadi ana ing palèpèt kang disindik bukakan. Yèn pangênule nganti kakehan mangiwane utawa langkah saka lulanging palèpèt,balêbêt. diarani wong nakal, lan balêbêt iku iya kudu barès, balêbête diplintir kêndho, rêngganganing lêng gathukaning gêgêr, kiwa têngên diblêbêt dhisik, kêncênge sawatara, aja nganti ngowahake pasangan, tumuli munggah mênyang kêcik dhuwur, yèn wis rapêt banjur mangisor nganti rapêt. Pêrlune kang ngisor diblêbêt kèri, awit yèn mudhari dadi kang ngisor kêna diunthut pêcah lan orane.

Yèn balêbêt nakalan, blêbêt diudhari pucuke kira-kira rong têbah, banjur diblêbêtake lowahing lêng mau kang kêncêng, tumuli munggah mênyang kêcik dhuwur, kêncênge sawatara, yèn wis saubête dikêncêngi bangêt, gone ngêncêngi saka cucuke kang dhuwur, nganti kêcik ing dhuwur megos. Dadi owah pasangane, yèn nakal kang bangêt, dikêncêngi bangêt, nganti kêcik dhuwur mlèsèt mudhun, dadi kang dikênul mung kêcik ngisor, tarung karo blêbêtan plèpèt.

Ananging patrap mangkono mau nalika biyèn, awit sawise diudhari blêbête kang jukuk kêcik kang mênang isih kang ngêncik, barêng ana kênangkalan warna-warna, tumrape kang ngêncik banjur [ba...]

--- 1 : 335 ---

[...njur]

mara ngêdêgake kalangan agawe pranatan. Yèn wis diwudhari blêbête dening kang ngêncik, panjupuke kêcik kang mênang mêsthi kang nyôngga. Dadi kang arêp nakal kangelan. Dene kanangkalan kajaba blêbêt mau biyèn mangkene, gawe galan pasêgan, digolèkake kêmbaran, ora nganggo kagala, kêcik kêmbar kang ora kagala mau dirakitake lan kêciking mungsuh kapara ngalah, bangêt tandhinge, agêreanggêre. bisa tarung ngêncik. Yèn wis padha wanine banjur diubêngake, sawise masang kang dipasang kêcik galan kêmbarane, panjukuke saka papan pangêleran kêcik ing ngarêpe sarana pratingkah rikat lan rêmit. Sawise dipasang, kêbuk diwènèhake marang kang nyôngga, adat mêsthi ditonton kabèh, nanging rèhning mung sadhela, ingatase kêcik kêmbar mêsthi ora katara, banjur kapasang manèh, yèn wis rampung pasangane lan diblêbêt sarta dikênul, panjupuke kêcik ing dhuwur. Galan mau banjur disalini kêcik kêmbarane kang ora galan, sarana patrap rêmit, karo dilus ing pupu sarta nuli dituduhake marang kang nyôngga. Kanthi bathang (cangkoking) kêcik kang nyôngga.

Kêcik galan iku panggawene suwe, sarta sanadyan alus, ewadene akèh kang sumurup, nanging ana gawèhan kang alus bangêt, nganti yèn ora dikandhani ora bisa

--- 1 : 336 ---

sumurup, akèh para ahli ngadu kêcik kang kasamaran. Rapêting sêrêtan dalaning gala, koplakan, bobot, wis nyamlêng lan kang ora galan. Môngka kang mêsthi panitiking galan mung saka koplakan lan bobot.

Galan iku kang kambang iya ana, kang kêlêm akèh, nanging kang akèh yèn kêlêm banyu mênyang wedang tèh iya kêlêm, sanadyan lêgi iya kêlêm, kang jênêng gawèhan alus mau yèn ana ing banyu kêlêm, ana wedang tèh kambang.

Nakale wong ngadu kêcik, kaya ta: yèn kêcike wis misuwur mênangan (mambêk) seje dina digawe lus, dikum cokak utawa liya- liyane kang murih ngêmpukake cangkok. Samôngsa tarung ana kalangan, kang duwe iya notohi, supaya ora katara yèn ngêcus, nanging wis kêncan lan kancane supaya gone notohi kêciking mungsuh kang akèh bab iki yèn ana kalangan tumêka saiki isih kanggo.

Plèpèting kêcik iku duwe watêk 3 bab:

1. Rame, têgêse êndi kang mênang tandhing mênang. 2. Êncikan, êndi kang ngêncik mênang, 3. Sanggan, êndi kang nyôngga mênang.

1. Rame, iku êmbat-êmbatan lan kakune plèpèt sêdhêng lan kapara alus. Ngisor dhuwur yèn dipasang akèh kapenake. 2. Êncikan, plepetan kagawe kaku sisih, kang kaprênah sindik patèn.3. Sanggan, plèpète panggonan pasanganing kêcik dhuwur kagawe gligir sawatara.

Tamat

Anggite Mas Ngabèi Èsmutani. Abdi dalêm mantri pangrêmbe ing Jêta

--- 1 : 337 ---

Kocolan:

iwak ... wangsalan Tjent. luwar binônda = ucul (kocolan)

Kocak:

zie gend. slend. pat. nem.

Kêcapi:

wit ... wangsalan Tjent. ciri pratôndha nawala, olèh dening: cap.

Kacipir:

zie wit. Kacipir iku ditandur ana ing pakêbonan, rumambat ing wit-witan, panandure ing môngsa labuh kapat yèn wis nandur sapisan, wis ora nandur manèh, awit dhangkèle bisa thukul dhewe, kacipir ênom kêna kinêla utawa ginudhang, isine aran botor ginawe jamu.

Kacumas modangan:

zie upacara letl. f.

Kacubung:

Woh kacubung iki angêndêmi, nganti ora duwe kaelingan pisan-pisan, yèn kakehan bisa andadèkake pati, panawane durung kasumurupan. Patrape woh kacubung digorèng banjur dibubuk, diworake ing wedang utawa ing panganan tuwin ing jangan. Durjana kêrêp nindakake pratingkah mangkono iku, banjur disuguhake marang wong kang dipangarah, yèn kalêksanan sêdyane bisa dadi ing sakarêpe, sanadyan wong iku dipatèni ora duwe suwala, awit wis ora duwe kaelingan, dene pigunane:

a. Wohe kêna ginawe tômba ngilangake rasa. b. Kêmbange kêna ginawe tômba wong lara napas of ampêg, sarana ingudud. c. Godhonge kêna weginawe. tapêl bocah cacingên of racakên.

Kacang:

ijo, agêl, ôngga, nala, cina, cindhe, ruji, kèdhèr, tunggak, lutung, lawe, wungu, putih, bleyor. Rupa têlu, ijo, wungu, lan putih.

Kacang:

wangsalan Tjênt. pangugêr turôngga = cancang (kacang)

Kacangan:

zie kêbo en. Kacang iku ngadu landhêping kêris padha kêris, minôngka pandadaring atos êmpuking kêris, sing kalah atos, rimpil, utawa melot.

--- 1 : 338 ---

Kucing:

Pêthèk ala bêciking Kucing, kaya ta:

Kucing kang awulu

1. Lorèk kêmbang asêm, buntut dawa, ala watêke, boros kêrêp kelangan. 2. Irêng sikile papat pisan pancal putih, bêcik lêksanane, kang ngingu suka wirya, akèh rijêki têka. 3. Irêng mulus buntut dawa, ala watêke aran: putra kajantaka, putih gêtihe kang ngingu. 4. Irêng lambung kiwa tembong putih, bêcik lêksanane, aran: rêmbulan kanginan, katêkan sasêdyane. 5. Lorèk irêng buntut dawa, ala watêke aran: dhandhang sungkawa, kêrêp prihatin lan asring tukaran, adoh rijêkine. 6. Putih mulus, lambunge kang têngên tembong irêng, aran: wulan purnama, bêcik watêke, bêgjane nutug. 7. Irêng êndhase bêlang putih têrus marang cangkêm, ala watêke, aran: durjana kêkêthu, sabarang lakune kawadaka. 8. Putih êndhase irêng, watêke bêcik, gêdhe mangunahe, aran: bujôngga mêngku.

--- 1 : 339 ---

9. Sadhengah wuluning kucing yèn buntute putih dawa ala watêke, aran: wisa tumama, pêcah kulite kang ngingu. 10. Sadhengah wuluning kucing yèn kuliting èpèk-èpèke têrus karo cangkême matane (putih padha putih enz) bêcik watêke aran: satriya wibawa. 11. Sadhengah wuluning kucing, yèn kupinge karo pisan pêrut, ala watêke, aran: tampar taliwangsul, kang ngingu kabêndana. 12. Gigire dalèr putih têrus maring cangkême, watêke bêcik, aran pandhita lêlaku. 13. Gigire dalèr irêng têrus ing buntute, watêke ala, aran: kala ngumbara, kang ngingu ana ing paran nêmu pakewuh. 14. Gigire tembong, watêke bêcik, aran: sônggabuwana, linulutan dunya. 15. Dhadhane dalèr putih têrus ing buntute, watêke ala, aran: baya ngangsar kang ngingu bilai ana ing banyu.

--- 1 : 340 ---

16. Saulês-ulêse bisu, watêke bêcik, aran: wisnutôndha, gêdhe halate, ora kêna siniya-siya. 17. Awake tutul, buntute putih, watêke ala, aran lintang kumukus, susah sarta gêringên kang ngingu, nyarang anak, nyuda priya? 18. Yèn ana kucing duwe unyêng-unyêngan ing êndhas, ing dhadha sarta ing gigir, watêke bêcik bangêt, kang aran kucing candramawa utawa rêkathasura, rahayu kang ngingu.

Mungguh kucing-kucing iku mau kabèh yèn tinêmu ala, môngka bundhêl buntute iku sirna alane kari bêcike, luwih manèh yèn wulune tinêmu bêcik sarta bundhêl buntute, iku saya luwih bêcik.

Lageyaning Kucing

a. Yèn ana kucing turu ing ikêt lan ing kopyah iku kang nuju sumèlèh, lan manèh turu ing pojokan omah, ngalamat bakal olèh rijêki. b. Yèn turu ngalupus ing ikêtira, ngalamat bakal olèh ganjaran saka pandhita utawa panjênêngan ratu. c. Yèn linggih anjongok sikile ngusap-usap rai kaya wong anêmbah, iku asung peling yèn kang ngingu arêp olèh bêbênduning Allah, enggal asêdhêkaha slamêtan jênang abang, dongane tulak bilai wêkasane slamêt.

R. Pandj. Hastranagara Koedoes

--- 1 : 341 ---

Kucing iku bangsaning kewan kang mangan daging mêntah, ora doyan bangsaning rijêki utawa wowohan, kucing iku dhêmên dhepal-dhèpèl marang manungsa utawa ngungsêl-ungsêl nunggal turu, nanging ora bisa cumbu, katôndha yèn diundang ora gêlêm mara, marang jênênge ora sumurup, sarèhning manungsa ora kaduga makani iwak thok-thok, yèn makani iwak iku dicarub karo sêga, dadi gêlême kucing mangan pakanan iku saka kêpêksa ora ana kang pinangan liyane, andadèkake watêking kucing ora bisa marêm, tansah ngarah iwak ing pasimpênaning bêndarane. Diajara dikaya apa utawa digêbuga kang abangêt, iya ora bisa kapok, gawene mung tansah nyolong iwak, marêm-marêm mung yèn mêntas andêkêp tikus. Kucing iku yèn môngsa gandhek (lakèn) rame bangêt, tansah oyak-oyakan ana ing payon karo muni ngeong-ngeong, nanging yèn manak ora ana banène, kucing manak diarani nai, kucing iku satrune asu, yèn kapêthuk banjur anggêrêng sarta mêrkungkung, nanging yèn diworake wiwit cilik bisa rukun, kucing prasasat tanpa bobot tinimbang lan gêdhening awake, mulane ora bisa tiba kantêp, sanadyan dirangkus sikile papat pisan, banjur diwalik sikile ana ing dhuwur nuli ditibakake, iya ora bisa tiba kantêp, tibane sikile malik [mali...]

--- 1 : 342 ---

[...k] bali ana ing ngisor manèh.

Wuluning kucing abang irêng, putih lan kuning, nanging ana kang aran côndramawa, bêlang rupa papat abang irêng putih kuning.

Kêmbang asêm a. lorèk irêng putih

b. lorèk putih kuning

Kêmbang bênguk lorèk irêng

Watak kêton, tlapakan putih.

Satêngahing kaol, kucing iku dadi kalangênane Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalaihi Wassalam, kajaba lulute marang manungsa, gêdhe paedahe, maniking mripating kucing suda lumungsur utawa amênga mingkus ing wayah jam 12 awan, maniking mripat kucing prasasat ilang babar pisan, barêng ing wayah jam 1 wiwit kasat mata mundhak-mundhak nganti tutug jam 12 bêngi maniking mripat kucing prasasat kêbak babar pisan. Barêng ing wayah jam 1 wiwit suda-suda nganti tumêkane jam 12 awan mau, awit saka iku, kucing ing wayah awan ora awas, nanging ing wayah bêngi awase ngluwihi.

Satêngahing kaol manèh sadurunge ana jam, maniking kucing kêna ginawe têtêngêring sêmbahyang.

Usus kucing kêna ginawe liruning kawat piyul, wulêt bangêt sarta larang rêgane.

Kucing iku ing ngêndi-êndi ana, padha mangan daging mêntah utawa matêng.

Kucing alas iku dumunung ing pulo Jawa môngsa daging mêntah.

Kucing côndramawa, kalangênane Bagawan Andongdhadhapan sarta Rêsi Gadhingpawukir ing Mêndhang Agung, kang ngalahake tikus jinada anake Puthut Jantaka.

Kucing Kw.:

kusangka, kusingha, kusmangga, wildula, lindhika, pusa, posiya, pawasa.

Kar:

T.j. B. anjrah

Kir:

T. j. B. yitna

Kur:

T.j.B. panggah

Kèr:

T.j.B. maya

Kor:

niyèt

Kêr:

niyèt

Kra:

T.j.B. midêr

Kara:

Andong ucêng, netra? (zie Dwija Iswara 333) krandhan, krupuk, kapur, kapri (sayuran) wêdhus, loke, lutung, lumut, lêgi, pait, mènthèl, gajih, boncis (sayuran), bêton, bênguk.

Kara-kara mau ditandur ana ing pakêbonan mung kara kapri lan kara boncis iku ditandur ana ing patêgalan tanah pagunungan, dadi panunggalane sayuran, nganggo lanjaran utawa rumambat ing wit-witan, panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis patang sasi kêna kaundhuh dadi janganan utawa dikêla mung kara krandhan mènthèl sarta bênguk, wosene kêna dikupat sarta kêna didang awor lan bêras, wis kaya rijêki. Lan manèh kara pait yèn dikulup rasane pait, dadi ora enak ginawe janganan, nanging wosene enak pinangan.

Kara:

wangsalan Tjent. kang wêwinih padu = prakara.

Kêre:

zie kordhèl kordhèn.

Kura:

wangsalan Tentj. pangundanging kuthuk = kur

Kori:

zie lawang

Karah:

Karah landheyan iku mas, salaka utawa suwasa

--- 1 : 343 ---

wêsi utawa kuningan, manggon ing pucuk bongkoting tumbak zie srandu landheyan.

Krai:

wangsalan Tjent. kapala ngarsa olèh dening rai

Kuran:

Abubakar nganggit kuran nalika taun 634 D.k. 1907 no 90

Karna (padhalangan):

wandane bedru

Kêrna:

zie guru

Kirna (wadu aji):

Têgêse gumêlar. Kang aran kirna iku wit-witan kang wohe enak pinangan sarta kang umure dawa, kaya ta: nôngka, cêpêdhak (Batavia), rambutan, kokosan, kuwèni, kuwèlêm, kawista, kaleca, kaluwih, kilayu, kapundhung, kêpêl, kadhondhong, kêmlaka, durèn, dalima, sêntul, srikaya, sarangan, sukun, sawo, sawo mênila, siwalan, sêmak, wuni, widara, lêcing, langsêp, pakèl, pête, pêlêm, pijêtan, dhuku, dhuwêt, jêruk, jirak, jambu, jengkol, mundhu, malinjo, mulwa, maja, manggis, gowok, gayam, bêndha, balimbing, balimbing wuluh. Zie J.Z. I 75-7.

Krênis:

zie bathikan

Karna tinandhing (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris karna tinandhing, bênêr, nganggo gandhik loro sarta sogokan. En zie dhadhap alus

Kurantil:

zie wuku

Karindhu aji:

zie purasani

Krandhan:

zie kara

Karandhang:

wangsalan Tjent. sahing laki olèh dening rôndha

Karacan:

zie santang

Karacak (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak dhapur karacak luk 7 galit? mêrit

--- 1 : 344 ---

Krecekan (Kartasura):

Ing ngisor iki pratelane kang sumare astana Krecekan (Kartasura)

1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya I putra dalêm PB IV, 2. Bandara Pangeran Arya Pringgalaya II putra no. 1, 3. Radèn Mayor Jayasambodra paman saka ingkang bibi no. 1, 4. Radèn Tumênggung Jayanagara Bupati sèwu putra no. 3, 5. Radèn Ayu Pringgawinata putra no. 1, 6. Radèn Ngabèi Pringgadipura, palihan no. 1, (Pêputra Mas Ajêng Bôngsayuda II sumare Ngaran, Ki Padmasusastra, Mas Ngabèi Sastrapradata, Radèn Ngabèi Mangkutênaya dhoktêr ing Kudus).

--- 1 : 345 ---

Karcis

p.f. awèh slamêt p.r. wangsulan trimakasih

p.c. tinggalan lêlungan adoh

p.p.c., panglayad sedan

Krucil (padhalangan):

Anane wayang krucil saka anggite Pangeran Ratu Pêkik ing Surabaya, nalika taun 1557 zie Pêkik.

Krucil:

' = kalithik zie P.B. II letl. c

Kara rahan (wadu aji):

Têgêse: wong rena, iya iku wong kang ora manggon tanpa bale omah lan tanpa canthelan, dibasakake: kara rahan = kaya uwuh. Wong kara rahan, sabên dina wiyosan dalêm kaparingan dana arta boga sarta kalihan ngupajiwa ambarang.

Karuk:

zie wit (randhu en jambu) kurakah = surakah zie sor

Krakat:

' = jala krakat en jala pegon

Krêkas:

zie krambil karajan

Krêdèn ayon:

zie abdi dalêm kapatihan letl. m

Karti:

zie banyu

Karèt:

Karèt iku saka tanah Amerikah, kang nyumurupi dhisik pigunaning karèt tuwan Antonia Herrira wong Sêpanyol nalika taun 1615 Dj. I. 1908 no. 17.

Kreta:

zie dhadhap alus. Prabu Basurata ing Wiratha, yasa rata kêncana wangun rata runggu, nalika taun 467 iya iku wiwite ing pulo Jawa ana kareta P. R. III 34-6 vo.

Wiwite ana kreta dhèk jaman Kartasura zie dhudha.

Kareta Kw.:

Araning kareta utawa têtunggangan ing jaman kuna kaya ta: astapada, cêkudhuk, camakantu, rata, ratalwa, runggu, kabrata, sena, sêsirat ancik-ancik anda, sisikus wanintha, swandana, sambira, sanggraha, wêdari, wastina, ratangga, padhati, dhudhuya, gotaka, gothaka, galamuka, gilingan, gègèndik, githaka, gothaka zie rata.

Kroto:

zie wit (so of mlinjo)

--- 1 : 346 ---

Kirata (wadu aji):

Têgêse: kitêr, kuwajibane ngitêri sajroning alas, mêmadik barang aèng, apadene mêmadik ananing sato, kaparingan lungguh bumi desa 100 karya utawa sêlawe jung.

--- 1 : 347 ---

Karaton:

Wadana kaliwon ... 1. Radèn Tumênggung Sôntadipura, mingsêr dadi bupati gêdhong têngên. 2. Radèn Tumênggung Cakradipura, sumare ing Ngambon. 3. Radèn Ngabèi Sôntadipura I mingsêr dadi bupati gêdhong têngên. 4. Radèn Ngabèi Sôntadipura II sumare Makamhaji. 5. Radèn Ngabèi Sôntadipura III kaundur. 6. Radèn Ngabèi Cakradipura sumare ing Sumbulan. 7. Radèn Ngabèi Amongdipura, sumare ing Sumbulan. 8. Radèn Mas Ngabèi Bratadipura, mingsêr dadi kaliwon kaparak kiwa, nama lêstari. 9. Radèn Mas Ngabèi Purbadipura mingsêr dadi bupati pamajêgan ing Bayalali, nama Radèn Mas Tumênggung Yudanagara. 10. Radèn Ngabèi Purbadipura mingsêr dadi kaliwon gêdhong têngên, nama lêstari. 11. Radèn Mas Arya Prawiradiningrat, mantu dalêm P.B. X. 2. Radèn Tumênggung Jayadiningrat, mantu dalêm P.B. IX kaundur amarga rusuh paprentahan dhêmêni badhaya mas pro ana srimanganti nuju dirès. 13. Radèn Mas Arya Suryadiningrat, mantu dalêm P.B. X putrane K. P. H. Natakusuma kang sêpuh dhewe. 14. Radèn Mas Arya Suryaningrat putra Kusumadiningratan.

Karaton:

zie abdi dalêm karaton en zie ratu

Kartanagara:

jaksa radèn tumênggung ... zie P.N. no. 50

--- 1 : 348 ---

Kartasura:

Ing ngisor iki pratelane para putra wayah sarta priyayi dalêm kang padha sumare ing astana Kartasura tuwin liya-liyane kaya ta:

1. Radèn Mas Sarjana, 2. Radèn Ajêng Naisbandiyah ... putra dalêm P.B. VII

3. Radèn Mas Budiman, 4. Mas Ayu Sukarsih priyayi dalêm P.B. IV, 5. Radèn Rônggakusuma priyayi dalêm P.B. V, 6. Radèn Ayu Tejaningsih priyayi dalêm P.B. VII, 7. Radèn Candraningsih priyayi dalêm P.B. VII, 8. Radèn Tejaningsih priyayi dalêm P.B. VII, 9. Radèn Ayu Tejaningrum priyayi dalêm P.B. IX, 10. Radèn Ayu Rêtna Adiningrum priyayi dalêm P.B. IX, 11. Radèn Ayu Tasikwulan priyayi dalêm P.B. IX, 12. Radèn Ayu Dewa Asmara priyayi dalêm P.B. IX, 13. Radèn Ayu Asmarawulan priyayi dalêm P.B. IX, 14. Radèn Ayu Murtiningrum priyayi dalêm P.B. IX, 15. Radèn Adipati Sêdhahmirah = Mayangsari priyayi dalêm P.B. IX, 16. Radèn Ayu Wrêdaningrum priyayi dalêm P.B. IX, 17. Radèn Ayu Èsmuningrum priyayi dalêm P.B. IX, 18. Radèn Dayapurnama priyayi dalêm P.B. IX, 19. Radèn Maniklungit priyayi dalêm P.B. IX, 20. Radèn Ambarsirat priyayi dalêm P.B. IX, 21. Radèn Rantansari priyayi dalêm P.B. IX, 22. Radèn Dayasari priyayi dalêm P.B. IX, 23. Radèn Gantangsari priyayi dalêm P.B. IX, 24. Radèn Rêtnasari priyayi dalêm P.B. IX

--- 1 : 349 ---

25 ..., 26 ..., 27 ..., 28 ..., 29 ..., 30 ..., 31 ..., 32 ..., 33 ..., 34 ..., 35 ..., 36 ..., 37 ..., 38 ..., 39 ..., 40 ..., 41. Radèn Susilarukmi, priyayi dalêm P.B. X, 42. Radèn Trangganarukmi priyayi dalêm P.B. X, 43. Radèn Rênggarukmi priyayi dalêm P.B. X, 44 ..., 45 ..., 46 ..., 47 ..., 48 ..., 49 ..., 50.

--- 1 : 350 ---

51. Mas Ayu Surakusuma inya dalêm P.B. IX, 52. Mas Ayu Sêdhanala inya dalêm P.B. VI, 53. Nyai inya Kopèk, inyane Kangjêng Ratu Pambayun (putra dalêm P.B. VII)

Kartasura a.:

Adêge karaton Kartasura kang jumênêng nata Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Jawa II putrane ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat I ing Mataram, kang seda sumare Têgalarum, sinangkalan: lir ngumbara ngrasa wani = 1600.

Sawênèh ing babad muni jumênênge Ingkang Sinuhun Prabu Mangkurat Jawa ing Kartasura ana ing Banyumas, nalika dina Salasa Kaliwon wayah jam 9 esuk tanggal ping 26 sasi Jumadilakir taun Be, lambang Alip Langkir wuku Maktal môngsa karo windu bala sinangkalan sirna ilang rasaning bumi = 1600 padha bae karo ing dhuwur. Jumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas (Radèn Mas Sena) taun 1627. Bêdhahe Kartasura dening Pangeran Pugêr banjur jumênêng ratu ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. I (= Radèn Mas Darajat) taun 1630. Jumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat (Radèn Mas Surya) taun 1642. Jumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. II (= Radèn Mas Sandi of Prabayasa) taun 1650. Bêdhahe Kartasura kang kaping pindho (Pacina) dening Rms Garêndi, putrane P. Têpasana, ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Kuning sinangkalan naga lindhu môngsa bumi taun Ehe 1668. P.B. II kondur saka Panaraga sinangkalan rupa ôngsa obahing bumi, taun Dal 1671.

--- 1 : 351 ---

Kartasura:

zie tangguh. En zie Pôncaniti XI en zie pasarean Kartasura kajaba putra wayah sarta priyayi dalêm kang olèh paring dalêm sadranan 1. inya kopèk, 2. Kyai Tugu, 3. Rms Sarjana, 4. Radj. Naisbandiyah, 5. Rms Budiman (putra P.B. VII) En zie titik no. 24 Mangkurat Kartasura, no. 25. Mangkurat Mas, no. 26. P.B. I Pugêr, no. 27. Prabu Mangkurat, no 28. P.B II Surakarta.

Bêdhah Pacina Radèn Mas Garêndi, putrane Pangeran Têpasana, putrane Susuhunan Mangkurat, dadi ratu jêjuluk Susuhunan Mangkurat Kuning, sinangkalan pandhita nênêm angoyak jagad taun Jimakir 1667.

Kartapati:

a. Prabu Suryawisesa ing Jênggala nalika durung jumênêng nata isih nyatria nama Panji Inokêrtapati iya Panji Kasatriyan, yasa gamêlan salendro = surendra, ricikane diwuwuhi: bonang gêdhe, bonang pênêrus, gêndèr, calêmpung, sarta gambang.

Kacarita Panji Inokartapati ngasta palu dhewe, para kadang kadeyan ngalumpuk ana ing pambusalèn, sarta abdi wulucumbu padha tumandang ing gawe. Kang ngasta supit sarta palu cilik: panji tuwa (Kartapati) kang malu panimbal kalang bapang: andaga sarta wirun, kang ngububi: bancak sarta dhoyok, kang ngaling-alingi palêtiking gêni: onêngan, kang matar: panji ênom, kang ngladèni rêrêsik sarta mungkal, sêbul sarta palèt, barêng wus wujud dadi gamêlan sarancak, cacahe kaya ing ngisor iki:

bonang gêdhe cacahe lagi 10 iji, bonang panêrus gêmbyangan dalah klenthange 10 iji

--- 1 : 352 ---

gambang salukat = gêndèr, lagi 10 wilah

gambang wrêksa herawan lagi 15

kadêmung, pambarung, paniti, lagi 5 wilah

kala = kênong 5 lan 6 2 iji

sôngka = kêthuk laras gulu 1 iji

pananggung uni kêkêmpul laras 5 lan 6 2 iji

sauran = gong laras gulu barang 2 iji

gêndhing = kêmanak laras 5 lan 6 2 iji

bèri karêcêk = kêcèr laras dhadha lan gulu 2 tangkêb

caluring = suling, wuluh kabolong nêm 1 iji

pamatut = kêndhang siji katipung siji = 2 iji

Dhèk samana gamêlan iku isih padha dibolongi, sanadyan bonang utawa kêthuk kênong, iya dibolongi uga, kangge lêbuning tali gumantunge ana ing pangkon.

Yèn sang Panji Inokartapati karsa kalangênan nabuh gamêlan ngasta dhewe, para kadang kadeyan padha ingandikakakê milu nabuh saganêpe unining gamêlan, para garwa utawa Dèwi Onêngan kang nabuh gêndèr.

Yèn Sang Panji karsa kalangênan andhalang mung mêthal kanggone ing palayangan bae kaya ta: rêbab, gêndèr, kêndhang en katipung, gambang, saron 2 pangkon, kêthuk, kênong 2, suling, gong gêdhe, suwukan, kêmpul, kêcèr. Kang nabuh iki ya para

--- 1 : 353 ---

kadang kadeyan katêlah kongsi jaman saiki wong mandhe gamêlan aran: panji, saka wiwite ana wong gawe gamêlan saka sang Panji Inokartapati jaman Jênggala, sinangkalan: rupa guna titising dewa = 1131.

b. Nalika Panji Inokartapati suwita marang sang Prabu Lêmbu Mangarang ing Ngurawan, kinèn angluruk bêdhah praja marang ing nagara Bali, banjur yasa gamêlan ingaran mardyangga = carabalèn, kinarya têtabuhaning prang ricikane:

Klenang 4 iji

Gêmbyangan, larase padha olèh gulu, dhadha, lima lan nêm 4 iji

Panonthong 1 iji, Pananggung 1 iji, Grit 1 iji, Gubar 1 iji, Kala 1 iji, Sauran 1 iji, Têtêg 2 iji,

Barêng wis rampung mangkat, lèrèn pacak baris ana ing Madura: miranti prau, ana ing kono karsa ajar bêksa karo ingkang para sadhèrèk kadang kadeyane, awit dhèk samana para raja sinatriya yèn prang tandhing nganggo ambêksa, arane jogèd kaya ing

--- 1 : 354 ---

ngisor iki:

1. jêbêng, pangajarane tumbak-tinumbak

2. dhadhap kanoman, 3. dhadhap alus, 4. dhadhap kreta, 5. dhadhap karta tinandhing ... iku pangajarane ngêmpakake kêris suduk sinuduk

6. tamèng pêdhang, 7. tamèng badhung, 8. tamèng glèlèng, 9. tamèng towok ... pangajarane ngêmpakake gêgaman pinangkis sarana tamèng

10. panah gêdhe, 11. panah cilik ... pangajarane titising pamanah, awas sarta parigêle nampani panah

12. lawung gêdhe, 13. lawung cilik ... pangajarane nlorongake tumbak

14. laras panji tuwa, 15. laras panji nom, 16. gêlas gêdhe, 17. gêlas cilik ... pangajarane mung parigêling awak bae, tanpa gêgaman

Kabèh jogèd ing dhuwur mau tinabuhan gamêlan surendra tuwin mêrdyangga, nganggo gêndhing rupa-rupa, barêng wis rampung panganggite: banjur babar layar nglurug marang nagara Bali, sinangkalan: marga nêmbah raja wanita = 1125.

--- 1 : 355 ---

c. Sabêdhahe nagara Bali amboyong putri dhomas, pangarêpe Dewa Mandayaprana, banjur suwita marang sang prabu Lêmbu Amijaya ing Kadhiri, sang panji ajêjuluk Kalana Jayèngsari, tinariman putrinipun sang prabu, nama Dèwi Galuh Côndrakirana, wiwit jaman samana para garwa lan putrining ratu padha ambêksa, ingaran: Badhaya Srimpi, tinabuhan gamêlan surendra, sinangkalan swara ngigêl garwaning satriya = 1127.

d. Panji Inokartapati karsa ngajar marang para abdi kinèn nabuh gamêlan surendra, ingaran niyaga.

e. Lan nganggit gêndhing ginawe pitung pangkat, katawang, ayak-ayakan, playon, srêbêgan, gêndhing gêdhe, mirong, ladrangan.

Dene pathêtane ginawe têlung pangkat, pathêt nêm, sanga lan manyura.

Suluk grêgêt saute iya manut pangkating pathêtan, sinangkalan mantri têlu maha wisesa = 1133.

f. Sasedane ingkang rama Prabu Lêmbu Amiluhur, Radèn Panji Inokartapati anggêntèni karaton, ajêjuluk Prabu Suryawisesa karsa yasa gamêlan ingaran Kodhok Ngorèk, mulane diarani mêngkono, amarga kang di

--- 1 : 356 ---

anggit mirit swaraning rijal ing wayah bêngi, ricikane: kala = kênong, sôngka = kêthuk, burnang, thongthong grit, puksur, têtêg, gong, gambang salukat, gêndèr, gubar, bairi = bèri spr., sinangkalan misik suci nata bathara = 1145.

--- 1 : 357 ---

Krêtêg

No. 50 A, Soerakarta 7 Mei 1903

Lampiran satoe

Staat Djembattan

Dengan segala hormat!

Membales Kaangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat. Ampoenja soerat tertoelis pada hari 26 Maart 1903 no. 34/3 A. bersama dengan ini. Saja mengatoerken satoe staat dari adanja djembattan² dalem kota Soerakarta, afdeeling Sragen, Bojolali, Klaten dan Wonogiri, jang sama djadi garapan Architeet.

Dari pada itoe soepaja mendjadiken Kangdjeng Raden Adipati ampoenja taoe adanja___

De Architeet

Rademaker

Terhoendjoek

Kepada Kangdjeng Raden

Adipati Sosrodiningrat

Rijksbestuurder di Soerakarta

--- 1 : 358 ---

Dalem kota Surakarta

No djembatan ... Namanja djembattan 2 dan boog ... Katrangan

1. djembattan moeka Paresidenan, 2. boog kidoel, 3. djembattan gantoeng, 4. djembattan moeka Assistenan, 5. djembattan Pasar Kliwon, 6. boog Pasar Kliwon, 7. djembattan Nogobandan, 8. djembattan Soemenggitan, 9. djembattan Kedoengloemboe, 10. djembattan Wignjadipoeran, 11. djembattan pintoe soepitoerang Wetan, 12. boog Kanoman, 13. djembattan Paloegoenan, 14. boog Katangan, 15. djembattan Katangan, 16. djembattan Semanggi, 17. moeka kandang Gajah, 18. pojok kidoel kandang Gajah, 19. djembattan Gading, 20 boog Jagabrajan, 21. djembattan Kalijenes, 22. djembattan Kaliwingko, 23. boog Madoegondo, 24. boog Madoegondo, 25. boog Grogol, 26. djembattan Kali Kreweng, 27. boog Teloekan, 28. djembattan Langenhardjo, 29. djembattan Langenhardjo, 30. djembattan Kembangan, 31. djembattan Gedangan, 32. djembattan Moenyoeng, 33. djembattan Tanjoenganom, 34. djembattan Kedawoeng, 35. boog Danoekoesoeman

--- 1 : 359 ---

36 boog Gemblegan kidoel prapatan ... Djebres, 37. boog Gemblegan kidoel prapatan, 38. jemabatan Gemblegan wetan prapatan, 39 boog Gemblegan kulon prapatan, 40. djembattan Joyodiningratan, 41. boog Djamsaren, 42. boog Poespan, 43. boog Panularan, 44. boog Sajangan, 45. boog Notokoesoeman, 46. djembattan Notokoesoeman, 47. djembattan Notokoesoeman lor gerdoe, 48. djembattan Slompretan, 49. djembattan Tjojoedan wetan djalan, 50. djembattan Tjojoedan koelon djalan, 51. djembattan Tjojoedan kali Larangan, 52. djembattan Gandean kali Larangan, 53. djembattan Singosaren, 54. djembattan Adikoesoeman, 55. djembattan Koesoemodiningratan, 56. djembattan Djenengan kali Larangan, 57. djembattan Panoelaran, 58. hoog Prawironagaran, 59. hoog Prawironagaran, 60. djembattan Baron kali Larangan, 61. djembattan Kabangan, 62. boog Hendronatan, 63. boog Kabangan, 64. djembattan Kawejan, 65. djembattan Pelemwoeloeng, 66. boog Poerwosari, 67. djembattan Poerwosari kali Larangan, 68. djembattan Mangkoejoedan, 69. djembattan Mangkoejoedan koelon gedoe, 70. djembattan Mangkoejoedan kidoel gerdoe, 71. boog Babadan lor gerdoe Mangkoejoedan, 72. boog Mangkoejoedan, 73. boog Mangoendjajan, 74. boog besi Pridjembadan, 75. djembattan Pridjembadan, 76. boog Pridjembadan, 77. djembattan Ngapeman, 78. djembattan Pasarpon, 79. djembattan Nonongan, 80. djembattan Kahoeman, 81. djembattan Kaboepaten politic, 82. djembattan Koehoeman, 83. djembattan Djenggotan, 84. djembattan Sekotenan, 85. djembattan Aloon2 lor, 86. djembattan Kahoeman, 87. djembattan moeka gapoero Masdjid Desar, 88. djembattan Gladag, 89. djembattan Sempon, 90. djembattan Adiwidjajan koelan, 91. djembattan Adiwidjajan wetan, 92. boog Kebalen, 93. djembattan Kebalen, 94. djembattan Kebalen, 95. boog Kebalen, 96. djembattan Kebalen, 97. djembattan Kebalen, 98. boog Poesponagaran, 99. boog Poesponagaran, 100. boog Wirosorodjan, 101. djembattan Lorengan, 102. djembattan Lorengan, 103. djembattan Tegalredjo, 104. boog Tegalredjo, 105. djembattan Tegalredjo, 106. djembattan Tegalredjo, 107. djembattan Tegalredjo, 108. boog Poespodiradan, 109. boog Djebres, 110. boog Djebres, 111. boog Poerwodipuran, 112. boog Waroeng pelem, 113. djembattan Waroeng pelem, 114. boog kanggottan, 115. djembattan Balong, 116. djembattan Wirodjamban, 117. djembattan Trajoenan

--- 1 : 360 ---

No. djembattan. ... Namanya djembattan 2 dan boog ... Katrangan

1. djembattan Ngringo, 2. djembattan Pengo I, 3. djembattan Pengo II, 4. djembattan Pohwoengkoek, 5. djembattan Gasakmadoe, 6. djembattan Djagomasan, 7. djembattan Dawoeng, 8 djembattan Kêmiri, 9 djembattan Kêmiri Kramat

10. djembattan Kramat kali Sangit, 11. boog kali Sangit, 12. djembattan kali Sangit, 13. djembattan Poelosari, 14. djembattan Grompol ... di trimaken ka M.N. tjoema djembattan no. 14, 15, 16 dan 17, itoe boewat bates, djikalau roesak bolehnja garap parowan sama Mangkoenagaran

15. djembattan Grompol, 16. djembattan Grompol, 17. djembattan Grompol, 18. djembattan Grompol, 19. djembattan Glonggong, 20 djembattan Masaran, 21. boog Kahoeman, 22. djembattan Prampallan, 23. djembattan Karangwaroe, 24. djembattan Karangwaroe, 25. djembattan Modjobaji, 26. djembattan Terso, 27. djembattan Djêtak, 28. djembattan Wiroen, 29. djembattan Wiroen, 30 djembattan Moengkoeng, 31. djembattan Moengkoeng, 32. djembattan Gambiran, 33. djembattan Gambiran, 34. djembattan Tawang, 35. djembattan Beloeran

--- 1 : 361 ---

36. boog Koewoeng, 37. djembattan Gendingan, 38. djembattan Assistenan, 39. djembattan Sragen, 40. boog Sragen, 41. djembattan Setro, 42. djembattan Setro, 43. djembattan Doekoelian ngrandoe, 44. djembattan Ngrandoe pilang sari, 45. djembattan Pilang sari bendoengan, 46. boog Karangmodjo, 47. boog Boengangin, 48. djembattan Bener a, 48. djembattan Bener b, 49. djembattan Kebonromo, 50. djembattan Kebonromo, 51. djembattan Kenatan, 52. djembattan Kenatan, 53. djembattan Kenatan, 54. djembattan Karanganjar, 55. djembattan Toenggoel, 56. djembattan Toendjoengan, 57. djembattan Toendjoengan A, 57. djembattan Toendjoengan B, 58. djembattan Kroendjon, 59. djembattan Plosokerep A, 60. djembattan Plosokerep B, 61. djembattan Samboengmatjan A, 61. djembattan Samboengmatjan B, 62. djembattan Pondok I, 63. djembattan Pondok II, 64. djembattan Mentek,

afdeeling Bojolali

no. djembattan ... Namanja djembattan 2 dan boog ... Katrangan

1. djembattan Mangli, 2. djembattan Bojolali, 3. djembattan Bojolali besar, 4. oeroeng2 besi Penggoeng, 5. djembattan Penggoeng, 6. djembattan Karangsalam, 7. djembattan Poeloe, 8. djembattan Kenteng, 9. djembattan Kebowan, 10. djembattan Gondang, 11. djembattan Kalitengah, 12. djembattan Belik, 13. boog njonjah, 14. djembattan kali Telon

--- 1 : 362 ---

no. djembattan ... Namanja djembattan 2 dan boog ... Katrangan

1. djembattan Kletjo, 2. djembattan Kartasoera,

3. djembattan Kalitan Pasanggrahan, 4. djembattan Karang doeren, 5. djembattan Pidji, 6. djembattan Tempel ... ini bawah Regent pol: dalem negri Soerakarta tetapi garapan selamanja toeroet di Klaten

7. djembattan Peni, 8. djembattan Tegalgondo, 9. djembattan Popongan, 10. djembattan Djebot, 11. djembattan pendem Kali Djeroek, 12. djembattan Petjiran, 13. djembattan Kali Ipik, 14. djembattan pendem Ori ketjil, 15. djembattan Delanggoe, 16. djembattan Ori spoor, 17. boog Grogol, 18. djembattan Poesoer, 19. djembattan Benteng, 20. djembattan Kali Boentoeng, 21. djembattan Kali Wingko, 22. djembattan Gedongan, 23. djembattan Pokaan, 24. djembattan Banjoesoemoeroep, 25. djembattan Wonggo, 26. djembattan Karangwoeni, 27. djembattan Mlese, 28. djembattan Ngaran, 29. djembattan Plembon, 30. djembattan Djoenggrangan, 31. djembattan Roro oemboek, 32. djembattan Sangkalpoetoeng I, 33. djembattan Sangkalpoetoeng II, 34. djembattan Modin, 35. djembattan Tawangredjo, 36. djembattan Soengjo, 37. djembattan Klaten, 38. djembattan Gelap, 39. djembattan Mlindjon, 40. djembattan Klaten spoor, 41. djembattan Gilang, 42. djembattan Merboeng wetan, 43. djembattan Merboeng koelon, 44. djembattan Djetis, 45. djembattan Gondang besi, 46. djembattan Gondang kajoe, 47. djembattan Loesah wetan, 48. djembattan Loesah koelon, 49. djembattan Tangkisan, 50. djembattan Pandansimping

--- 1 : 363 ---

afdeeling Wonogiri

no. djembattan ... Namanja djembattan 2 dan boog ... Katrangan

1. djembattan Tjloringan, 2. djembattan Trajoekoening, 3. djembattan Ngagik ... trima baroe dari MN, 4. djembattan Walang, 5. djembattan Pentjil, 6. djembattan Bledo, 7. djembattan Begadjah trima baroe dari MN, 8. djembattan Betetsili trima baroe dari MN, 9. djembattan Tegalredjo, 10. djembattan Kepooh, 11. djembattan Widoro, 12. djembattan Songgoroenggi, 13. djembattan Ngambil-ambil trima baroe dari MN, 14. djembattan Poendoeng Sewoe trima baroe dari MN, 15. djembattan Lengoek trima baroe dari MN

--- 1 : 364 ---

...Hal. 364-368 kosong.

--- 1 : 369 ---

Karas:

zie abdi dalêm kêmasan Letl.e

Kêris:

Ing ngisor iki aran dhapuring kêris anoman, zie panimbal (7): indrajit (= dirajit), urab-urab, ônggawirun, nagakêras, nagasari, nagasasra, nagasiluman, cundrik, condhongcampur carita, carita, carita kalènthang zie jalakngore (2), carita kaprabon, carita dalêman, carita pasaja, carita gênêngan, carita gandhu, carita buntala, carita bungkêm, carubuk zie kêbolajêr (2), carangsoka zie panjisêkar (2), carang buntala, cuwung, campur bawur, roning têki

--- 1 : 370 ---

ragawilah, regol, rônggacalung, rônggapasung, kantar, karna tinandhing, karacan zie santang (2), krêsna tinandhing zie pandhawa (2), karawêlang, kidangsoka, kidangmas, kalanadhah, kalatinantang, kêlap lintah, kalamunyêng, kalamisani, kalabêndu, kêbonêmpuh, kêbonabrang, kêbotêki, kêbosoka, kêbolajêr, kêbodhèndhèng, kêbodhêngên, dirajit, trisirah, trimurda,

--- 1 : 371 ---

tilamupih, tilamsari, tumênggung, têbusauyun, sinarasah, sinom, sinom wora-wari, santang, supana, sêpokal, sêpang, sèdhêt, sujènampèl, sêmar adang, sêmar tinandhu, sumêlang gandring zie jalak sangu tumpêng (2), sêmpanêr zie sêpang (2), sêmpana bungkêm, sêgara jinotan, sabuk intên, zie panimbal (4), sabuk tampar, singa zie kêbo lajêr (4), sangkêlat, wora-wari, waluring, lancingan,

--- 1 : 372 ---

lara saduwa zie megantara (2), larmonga, larngatap, lalêng mêngêng, lung gandhu, pinarak, panijèn, zie carita (3) en kêbo lajêr (3), panimbal, pandhawa, pandhawa carita zie jangkung, pandhawa bocah, panji nom, panji sinom, zie panji sêkar (3), panji sêkar, parungsari zie tilamsari (2), pasopati zie larngatap (2), pulanggêni, pudhak satêgal, puthuk, dhungkul, joan mangan, jaran guyang, jarodah, jaroman, zie panimbal (2), jaka tuwa, jaka wuru, jaka lele

--- 1 : 373 ---

jalak andingding, jalak tilamsari, jalak sangu tumpêng, jalak wuwung, jalak ngore, jamang murub, jangkung, jangkung pacar, yuyurumpung zie bakung (2), mundarang zie panimbal (5), marak, murda malela, mudarang, mèsêm, mahat, mahat miring, megantara, mangkunagara zie jalak sangu tumpêng (4), mangkurat, zie jalak sangu tumpêng (3), ngrojol, bakung, buta ijo zie panimbal (6), bale bang zie tilamupih (2), bima rangsang, bimubima. kurda zie pandhawa (3), bêthok, bango dholog zie supana (2), ngampir buta

--- 1 : 374 ---

Kêris (ukur) a I:

Ukur kêris, sapira dawaning gônja diukurake saka ing bongkot têkan ing pucuk, wêsine ora kalêbu ing petungan.

Kêris (ukur) a. II.:

Pituture patinggi ing desa Dhandhêr (Bojanagara) marang gathak-gathuk, ukuran kêris kajupuk saka dawaning gônja, banjur kaukurake ing kêris saka ing bongkot têkan pucuk, olèh pirang tiban, petungane:

cakra, gundhala: ala, gunung: bêcik, guntur: ala, sagara: bêcik, madu: ala. Banjur winalik saka ing pucuk têkan ing bongkot, yèn bisa tiba: gunung, luwih = bêcik. zie Tjent. I

--- 1 : 375 ---

Kêris Kw.:

(= kawi) b curiga, kadga, suduk, wangkingan, K.I., dhuwung, K., zie kêbo en dhapur,

--- 1 : 376 ---

Kêris (tangguh).:

Kêris iku gêgamane wong Jawa, ora mung kanggo gêgaman bae, uga kanggo prabot mara seba utawa lêlungan sapêpadhane, wiwite ana kêris mau kasêbut ing layang Pustaka Rajapurwa kang iyasa Sang Hyang Guru nalika ngejawantah jumênêng nata ana ing gunung Mahendra ajêjuluk Sri Paduka Maharaja Dewabudha, sapiturute tumêka panjênêngane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 10 ing Surakarta iya padha iyasa, ananging lumrahe kang disumurupi tangguhe mung wiwit karaton Pajajaran saprene, dene sadhuwuring Pajajaran pilih-pilih kang sumurup, apêse para luhur, kang mêsthi iya mung panjênêngan nata. Mula ana têtêmbungane wong kang ahli wêsi aji, yèn ana kêris bêcik têtela gêgaweaning êmpu, môngka, tangguhe ora maton, dudu Pajajaran, dudu Majapait, sapanunggalane, iku dibasakake ninggal tangguh, karêpe têmbung: ninggal tangguh mau kêris dhuwur, apêse sadhuwuring Pajajaran. Kosok balike yèn ana kêris kurang prayoga sarta têtela dudu iyasaning êmpu, ora maton tangguhe dudu Pajajaran sapanunggalane mau, iku banjur dibasakake: tanpa tangguh, utawa sêkan, têgêse kêris asor ora kalêbu wêwilanganing bêcik. Mungguh watoning tangguh kang wis tinêmu pratelane kaya ing ngisor iki:

Pajajaran, gônja kêdêr ambathok mangkurêp, êndhas cêcak landhung, gandhik miring landhung, pawakane rawa, dêdêg sambada, sogokan sêdhêng, wêsi wêlu waja sêdhêng, pamor anggajih, utawa ana kang ngulit sêmôngka. Kang luk, luk-lukane kêmba.

Majapait, gônja sêbit tontar, êndhas cêcak cêkak, gandhik miring cêkak, pawakan titih, sogokan cêkak luwês, wêsi madhêt alus, waja sêdhêng, grayange lumêr, pamor mubyar anrambut. Kang luk, luk-lukane kêmba.

Tuban, nunggil jaman karaton ing Majapait, gônja sengoh mulu kapara cêkak, êndhas cêcak gêdhe papak, gandhik cêkak jêjêg, pawakan berawa ngupih, sogokan landhung, wêsi sêdhêng akèh wajane, pamor kurang mubyar. Kang luk, luk- lukane kêkêr.

Sidayu, nunggal jaman karaton ing Majapait, gônja sêbit tontar kêpara landhung, êndhas cêcak cêkak, pawakan berawa dêdêg sambada, sogokan cêkak luwês, wêsi madhêt anggêndul, waja sêdhêng grayange lumêr, kurang pamor, wêtune mubyar angrambut. Kang, luk-lukane kêkêr turut.

Blambangan, nunggal jaman maratonkaraton. ing Majapait, gônja sêbit tontar êndhas cêcak cêkak, gandhik cêkak miring, pawakan titih, sogokan cêkak luwês, wêsi waja pamor kêras, wêtune mubyar angrambut. [angra...]

--- 1 : 377 ---

[...mbut.] Sing luk, luk-lukane kêmba.

Kasamadura nunggal jaman karaton Majapait, gônja sêbit tontar, êndas cêcak cêkak miring, gandhik miring cêkak, pawakan titih, sogokan sêdhêng luwês, wêsi kêras waja sêdhêng, pamor anggajih nunggak sap-sapan. Kang luk, luk-lukane kêmba.

Dêmak, kasêbut ing layang babad nalika panjênêngane Kangjêng Sultan Sah Ngalam Ngakbar kapisan, iku Susuhunan Benang iyasa kêris loro dhapur sangkêlat lan pasopati, banjur tinêdhak ing Susuhunan Kudus, ananging saikine durung ana kang sumurup kêris gêgawean ing Dêmak mau. Mung pêparênganing jaman mau ana kang iyasa kêris tangguhe karan: Tuban taruwôngsa, Kajoran, Sêmarang, Têmbayat, iku cengkok sasikutane mirip gêgawean ing Majapait sarta Tuban.

Pajang, gônja sengoh sêbit tontar, êndhas cêcak gêdhe adu manis, gandhik gêdhe miring pawakan berawa dêdêg sêmbada, sogokan sêdhêng luwês, wêsi waja sêdhêng, pamor mubyar nyalaka. Kang luk, luk-lukane kêkêr. Kacarita ing Pajang mau êmpune Kyai Supa, êmpu nalika Karaton Majapait, sinihan ing kangjêng sultan, awit saka bêciking gêgaweane, barêng kasiku ditundhung lunga anjog maring Madiun, sadalan-dalan nyambi gawe kêris, cengkok sasikutane mirip gêgawean ing Pajang, karan tangguh tundhung Madiun.

Mataram, gônja sêbit tontar kapara landhung, êndhas cêcak landhung, gandhik cêkak miring, pawakan titih corok, sogokan landhung luwês, wêsi sêdhêng kurang waja, pamor mubyar nyalaka. Kang luk, luk-lukane sêdhêng. Mung sarèhning nalika panjênêngane Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma pakêlus para êmpu, padha kakarsakake anggawe kêris dhewe-dhewe, dadi tangguh Mataram iku warna-warna kalabêtan aslining êmpu dhewe-dhewe, nalika samana Kyai Supa kang karan Tundhung Madiun mau uga kakarsakake gawe kêris kalakon bêcik dhewe gaweane, andadèkake kaparênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kakarsakake anglurahi para êmpu kabèh kaparingan nama Ki Supa Nom, kasêbut ing akèh Kyai Nom. Banjur kadhawuhan anggarap iyasan dalêm tumbak kêris pêdhang sapanunggalane, lan anganggit kêris sinarasah ing mas warna-warna, apadene agawe kêris dhapur naga sasra, naga seluman, naga wêlang, kikik. Kacarita sabubaring prang Pathi karsa dalêm Ingkang Sunuhun Kangjêng Sultan para putra santana sarta abdi dalêm gêdhe cilik kang katarima ing gawe nalika prang Pathi mau, padha kaparingan tôndha pangeling-eling, wangkingan utawa kêrise padha kasarasah ing mas pinangkat undha-usuke, kang putra santana lan pêpatih dalêm, sarasahe singa barong utawa gajah manglarmonga, wadana kaliwon gajah singa, panèwu mantri kamarogan, dene kang tumrap ing tumbak kasarah cakra utawa mêthuke srasah sadasa êlêr, ambalèni carita nalika Kyai Supa mau durung katimbalan marang Mataram, pamanggone ana ing Koripan, uga agawe kêris, cengkok sasikutane mèmpêr gêgawean ing Mataram, karan tangguh Supa Koripan.

Kartasura, kasêbut ing layang babad nalika panjênêngane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat, sarta Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kapisan, isih nyatriya lan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat, apadene Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kapindho nalika isih jumênêng ana ing Kartasura padha iyasa wangkingan, nanging ing saikine durung ana kang sumurup kêris gêgawean ing Kartasura, bokmanawa iyasan-iyasan mau padha ana ing karaton mêtu-mêtune mung ana para luhur bae.

Surakarta, ingaran tangguh nonoman, garap wêwangunane mirip êmpune dhewe-dhewe, kaya ta: brajaguna kapindho jaman dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3, brajaguna ping têlu ping pat, carang mustaka, jakariya, sêmarah, sonaboma, tirtadôngsa, singawijaya, jaman dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ping 4, ping 5, sarta ping 6. Singawijaya, Supa, Tirtadôngsa, Brajakarya, Japan, rèjèng, jaman dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ping 7, ping 8, sarta ping 9, wuwuh Jayasukadga, Manguncarita, mungguh jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ping 10, iki, êmpune: Jayasukadga, Mangun Garita mau, lan karya curiga, purasani, mangunmalela, mung bakune kandêl sarta pamor bêntêt. Kajaba ana ingkang tinurun iya iku nganaki utawa mutrani pusaka.

Kajaba iku ana maneh tangguh kang ora kalêbu ing dhuwur mau, ing ngisor iki pratelane:

Kuwung, tapan, padha jaman karaton ing Pajajaran tumêka awaling karaton Majapait, cengkok sêsikutane mirip gêgawean ing Pajajaran.

Sukuh, iku jaman karaton ing Majapait, cengkok sêsikutane mirip gêgawean ing Majapait.

R.Ng. Karyarujita

--- 1 : 378 ---

Kêris d (padhalangan):

Wiwite wayang purwa ngangge gêgaman kêris, panah, cakra sapanunggalane lêlandhêp, iku saka karsane Ingkang Sinuhun Sumare Krapyak, nalika taun 1552 zie Nyakrawati.

Korês:

a. korês iku bangsaning manuk nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah. b. korês salju, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah [E...]

--- 1 : 379 ---

[...ropah] sisih lor.

Krêsna:

gong kyai ... zie monggang letl. b

Krêsna (padhalangan):

wandane têlu, rondhon, mawur sarta gêndrèh.

Krêsna (padhalangan):

Sawênèh angarani wandane papat, rondhon, kanyut, mangu sarta gêndrèh. Têgêse: krêsna, bocah irêng mulus

Krêsna Malangdewa:

Jaran ciri krêsna malangdewa, jaran irêng mulus dalah mata lan lambene, watêke bêcik, sapa kang ngingu suka bungah, jaran iku pantês kagêm ing panjênêngan ratu.

Krêsna tinandhing:

zie pandhawa (2)

Krèsbèk:

Krèsbèk iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah

Krowodan:

Kang aran: krowodan, iku samubarang kang lumrah tinandur ana ing pakêbonan, utawa ing patêgalan, muni ng layang J.Z.I 721-12 v.o. kaya ta: otèk, kacang lanjaran, pare, canthèl, kara, jètèn, ceme of, terong, gudhe, cèmès, lombok, bêstru, kacipir

Krawitan:

zie gend.slend.pat.nem

Kuruwêlut:

zie wuku

Karawêlang (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris karawêlang luk 13 kêmbang kacang, lambe siji, ri pandhan sungsun, pucuking buri katrancang. Dhapuring tumbak karawêlang luk 9 naga loro, nganggo lis.

Kruwingan:

zie srandu warôngka wêdhung

--- 1 : 380 ---

Kurub = Kurup:

Ajisaka saka tanah Indhustan angajawa, anjujug ing gunung Kêndhêng nuju taun Wawu, kurube kang lumaku: dina Kêmis, wis olèh 55 taun, taun Saka wiwit diangkani 1.

Tutug taun Alip 67 kurube: Rêbo, tutug taun Alip 187 kurube Salasa, tutug taun Alip 307 kurube Sênèn, tutug taun Alip 427 kurube Ngahad, tutug taun Alip 547 kurube Sêtu, tutug taun Alip 667 kurube Jumungah, tutug taun Alip 787 kurube Kêmis, tutug taun Alip 907 kurube Rêbo, tutug taun Alip 1027 kurube Salasa, tutug taun Alip 1147 kurube Sênèn, tutug taun Alip 1267 kurube Ngahad, tutug taun Alip 1387 kurube Sêtu, tutug taun Alip 1507 kurube Jumungah, tutug taun Alip 1627 kurube Kêmis, tutug taun Alip 1747 kurube Rêbo, tutug taun Alip 1867 kurube Salasa, tutug taun Alip 1907 kurube Sênèn

Ajisaka duk ngajawa / wukir Kêndhêng dèn anciki/ ing Rêspati kara dina/ tiga wêlas kang sutèngsi / wuku Sinta marêngi / Dewa Lodra uwas jagur / nuju windu Sêngara / Wawuning Rabingulakir / sinangkalan kunir wuk tanpa jalunyaSengkalan: kunir wuk tanpa jalunya (1 A.J.).

--- 1 : 381 ---

dina pasaran, taun, sasi, dina pasaran, Rêbo Wage, Ngahad Pon, Jumungah Pon, Salasa Paing, Setu Lêgi, Kêmis Lêgi, Sênèn Kaliwon, Jumungah Wage, 1, 5, 3, 7, 4, 2, 6, 3, 7, 2, 3, 5, 6, 1, 2, 4, 5, 7, 1, 3, 1 1, 3 1, 4 5, 6 5, 7 4, 2 4, 3 3, 5 3, 6 2, 1 2, 2 1, 4 1, Dêmak, saptiyah 64 taun salin., Pajang, Mataram Jamngiyah Lêgi 1507 Alip, Kartasura, Sala awal Kamsiyah Kasih 1627 Alip, Sri V Arbangiyah Wage 1747 Alip,[Grafik].

Yèn arêp sumurup tibaning tanggal sapisan sasi Sura taun Alip, katêmu 1-1, iya iku dina Rêbo Wage, yèn arêp sumurup ing sasi Bêsar katêmu 4-1 kapetung saka Rêbo Wage mau, kaya ta: Rêbo, Kêmis, Jumungah, Sêtu, dadi tanggale sapisan dina Sêtu, pasarane sarèhning mung katêmu siji iya: Wage, dadi tibaning tanggal sapisan: Sêtu Wage, petung iki tumindak sajroning kurup Arbangiyah. zie almanak Soerakarta 1866 blz. 8- 1

Kropak:

Kropak iku godhonging wit siwal kang wis garing, kang isih têlês aran: rontal, kalanturing basa dadi

--- 1 : 382 ---

lontar. Kropak iku dhèk ing jaman kuna kanggo layang ibêr-ibêr, pêpakêm liya-liyane, kang ginawe nulis: wali, saprene iya isih dilêluri kanggo palapuran konjuk ing karaton, anane para abdi dalêm kang seba.

Koripan zie tangguh

Krupuk:

zie kara

Kurupati (padhalangan):

wandane loro jangkung lan jaka.

Krapyak:

zie abdi dalêm pangrêmbe III

Kêrdha:

bocah mêtu têlu kang siji bungkus

Kordhèl:

of kêre. Kordhèl of kêre iku bangsaning sato alas, dumunung ing tanah Ustraliyah, mulane ingaran kêre, awit kulite kayadene kêre wêsi.

Kurma:

wangsalan Tjent. lare ugungan = ingima-ima.

Krêmi:

krêminan zie cacingên

Karaman (wadu aji):

Pangeran jajar taun 1704, Radèn Mas Mangku Kusuma taun 1706

Têgêse: arahan, iya iku wong cilik kang ora nyôngga gawe, mung ngindhung nyagak pat bae, ora milu mangan pancèn lungguh, pagaweane mung kadhingkala, yèn ana pagawean gugur gunung kêna kaaran dadi bau bêburuhan.

Kramutan:

pasarean ... zie sela no. 1

Kambe:

tukang ramban jêjanganan ing alas

Krambil:

Ijo, abang, ranti, kopyor, lêgi (êmpole dhèk isihe cêngkir rasane lêgi), pondhoh, puyuh, gadhing, gimbal, blora.

Krambil Kw.:

Kasambêl, kasambil, kalapa k. kapeta, tiris, nyu.

Krambil zie wit, ijo, abang, cêngkuwèh kl. 49 art. 9 ranti, kopyor, walulang, kl. 49 art. 6

Wangèn kl. 50 art. 7 lêgi

Pondhoh, puyuh, gadhing, gimbal, balora

Wiwite ana wong nandur krambil saka Jaka Puring (= Prabu Hèryanarudra ing Gilingaya) sinangkalan rupa prawata tani = 371 P.R. II 61-9.

Krambil sacukil:

zie bathikan

Kêrga:

(wadhah nal) zie upacara letl. f

Kragan:

zie abdi dalêm Kalathèn no. 9 letl. d

--- 1 : 383 ---

Kurubing taun Dal:

zie Dal

Karèbèt:

Mas ... = Radèn Jaka Tingkir = Kangjêng Sultan Adiawijaya ing Pajang, zie pôncaniti no. 30

Karang:

... zie abdi dalêm pulisi Sragèn.

E.n. kang aran karan iku wit krambil, pakarangan = pakêbonan kang mung ditanduri wit krambil bae, nanging kanggone ing jaman saiki pakarangan iku = pakêbonan utawa pomahan zie J.Z. I 75-7 en 5 v.o.

Kiring:

zie wit krambil

Karanganom:

zie abdi dalêm pangrêmbe V

Kringinan:

zie abdi dalêm pangrêmbe VIII

Karangkawidadarèn:

zie Gênthan

Karangkulon (Klathèn):

kang sumare ing kono: 1. Sèh Sitijênar, 2. Kyai Tumênggung Pugal sarta ingkang garwa.

Karangkijang (kawruh êmpu):

Wêsi karangkijang otote kaya banyu laut, yèn dithinthing unine kaya tawon êndhas, ampuh lan adhêm tibane, ora gêlêm mangan lan ora pêsthèn mati, apadene sabar, iku pandhitaning wêsi, pakanane balunging êndhas iwak kutuk lan kuliting êndhog pitik irêng mulus, dicaruk lan diwur-wurake, aja pisah lan lênga wangi.

Kang duwe gêgaman wêsi karangkijang, iku ora kêna ora mêsthi duwe gêgaman wêsi wêrani, awit wis pinêsthi dadi jodhone, yèn wêsi karangkijang rupa kêris, wêsi wêrani rupa tumbak nanging dhapure bênêr, kosokbaline yèn wêsi wêrani rupa kêris, wêsi karangkijang rupa tumbak, yèn wêsi wêrani rupa pêdhang amêsthi sugih gêgaman wêsi karangkijang, uwis mangkono janjine.

Karangkijang:

en ambal. Wêsi karangkijang campur lan wêsi ambal rupane abang sêmu biru sarta rêsik, yèn dithinthing unine brung, bung, agêtêr, iku anggon-anggone wong gêdhe kang winêdenan parentahe, lan dadi têturutane wong adoh, apadene katêkan karêpe ana ing alam dunya, dadi senapatining prang lan lêksana, [lê...]

--- 1 : 384 ---

[...ksana,] yèn ginawe dagang akèh kauntungane, yèn wong arêp gawe piala, ora bisa, yèn dhapur bênêr sabarang gawe, yèn dhapur luk akèh godha rêncanane, marakake kêras lan anggêdhèkake nêpsune kang nganggo.

Karangkijang:

en katum. Wêsi karangkijang campur lan wêsi katum, rupane ijo sêmu wungu, sêrate kaya rambut, yèn dithinthing unine kung, ngung, ambrêngêngêng, iku anggon-anggoning juragan gêdhe utawa wong sugih, tuwin prajurit nagara, akèh kauntungane, dene yèn dhapur bênêr, bêcik ginawe têtanèn, tulus barang kang sarwa tinandur.

Karangkijang:

en kamboja. Wêsi karangkijang campur lan wêsi kamboja rupane biru mrusuh pating trênyêp, sêrate kaya gadhung, yèn dithinthing unine thing- thing, iku anggon-anggoning raja pandhita, yèn dhapur luk sapa sing nganggo nêmu slamêt lan bêcik atine ora kêna dijaili, yèn ana kang ngalani amêsthi nêmu bilai dhewe. Yèn dhapur bênêr samôngsa ginawe lêlungan adoh amêsthi ilang, anggêgawa marang dandanan liyane, atanapi barange kang kanggonan.

Karangkijang:

en tumbuk. Wêsi karangkijang campur lan wêsi tumbuk, rupane biru sêmu kuning, dêlênge kasat yèn dicêkêl [dicêkê...]

--- 1 : 385 ---

[...l]

alus, yèn dithinthing unine ngung, muluk swarane, iku anggon-anggoning wong sugih kang ora tau kêkurangan donya artane, jim setan datan purun, padha ngrêksa barange, sarta anggawa kabêgjakabêgjan. lan angkêr lêksana kang nganggo, karêpe dhapur bênêr, yèn dianggo ambêburu marang ing alas, rinêksa marang kang ambaurêksa.

Karangkijang:

en wêrani. Wêsi karangkijang campur lan wêsi wêrani rupane ijo sêmu biru mêlês, yèn dithinthing unine ming, ngung, landhung swarane, iku agêming ratu kang dadi senapatining prang, ngluwihi sapêpadhane, ora kêna dèn anggo ing wong cilik, karêpe dhapur bênêr, sapa kang nganggo sabarang karêpe katêkan, dumadakan têka gampang têka asih kang dèn têmbungi.

Karangkijang:

en wêlulin. Wêsi karangkijang campur lan wêsi wêlulin, rupane ijo mrusuh, sêrate kaya wêsi malela, yèn dithinthing unine gung, ngung, anggêrêng yèn dadi gêgaman karêpe dhapur bênêr, iku bêcik, lan têtêp pangadilane. Yèn dhapur luk ngalamat dadi utusane wong gêdhe, lêlungan adoh utawa dadi têliking mungsuh lan ora kêna ing cintraka.

Karangkijang:

en purasani. Wêsi karangkijang campur lan wêsi purasani, rupane kaya watu acih sêmu mêlês, ana putih-putihe, yèn dithinthing [dithi...]

--- 1 : 386 ---

[...nthing] unine gur, ngung, yèn dadi gêgaman dhapur luk, watêke gawe kauntungan akèh marang kang nganggo lan gawe panariking atine, sabar tur sugih ngèlmu, ora kêna didêlok ing wong akèh, karêpe bisaa kang nganggo.

Karangkijang:

en malik. Wêsi karangkijang campur lan wêsi malik iku dadi wêsi ala, rupane biru amêrkutuk, cêkêle kasap sêmu samun, yèn dithinthing unine thong, ngung, yèn dhapure bênêr ora ngapaa, nanging kêna ing bêbasan saka ing awake dhewe, dene yèn dhapure luk luwih dening panas, yèn cecegan dèn ngati-ati.

Karangkijang:

en mangangkang wadon. Wêsi karangkijang campur lan wêsi mangangkang wadon, rupane ijo sêmu biru, sêrate pating prêlik, yèn dithinthing unine dhêng, nung ambrêngêngêng, karêpe yèn dadi gêgaman dhapur luk, kang nganggo bupati utawa wong sugih, gawe kabêcikan marang wong akèh, sok ginawe mêmule wêsi iku, yèn dhapur bênêr dadia tumbak utawa kêris, watêke ora jênak milu wong siji, kudu kêrêp ngalih.

Karangkijang:

en mangangkang lanang. Wêsi karangkijang campur lan wêsi mangangkang lanang rupane irêng sêmu ijo anglugut, yèn dithinthing unine drung, ngung, landhung suwarane, karêpe wêsi iku ora gêlêm ana wong cilik, dhêmên ana wong gêdhe senapatining prang sarta kang sudira ing ranangga. Yèn ana wong cilik ora kêlar. Karêping wêsi, yèn dadi gêgaman dhapur luk, [lu...]

--- 1 : 387 ---

[...k,] môngka dadi bênêr, mêsthi kêlêm ing banyu, wis mangkono janjine, sabab mulih marang ajal kamulane manèh.

Karangdawa:

zie abdi dalêm pulisi Klathèn

Kringêt Kw.:

Arimut, aringêt, arangga, riwe, karwala, swanita.

Karangdhuku:

zie abdi dalêm pangrêmbe II

Karanggêdhe:

zie abdi dalêm pulisi Bayalali

Karanggayam:

pujôngga pangeran ... zie. P.N. no. 30. 31 en 32

Kaka:

1 Tj. B. sanak tuwa 2 kw. kakang, laki, parêkan, gagak.

Kêkê:

niet

Kiki:

1 Tj. B. tinuwa 2 kw parêkan

Kuku:

1 Tj. B. kênaka 2 kw. umit, kênaka, tulangsa, tumit, pakri. Ngêthoki kuku ing wayah bêngi, nyakoti kuku sogok untu ora ilok

Keke:

niet

Koki:

zie abdi dalêm gêdhong têngên

Koko:

niet

Kikir:

zie ukiran

Kuku rip:

Jaran ciri kuku rip, unyêng-unyêngan ana ing lambe, watêke boros kang ngingu jaran ora bisa cumanthèl barang darbèke.

Kukuk:

Kukuk iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah Eropah, yèn muni ngukuk, mulane diarani kukuk. Kukuk yèn ngêndhog manggon ing susuhe manuk seje, banjur tininggal lunga ora gêlêm ngêngrêmi, bisane nêtês dening dingrêmi ing manuk kang duwe susuh mau, lan watêke alihan, yèn ing tanah Eropah sisih lor môngsa bêdhidhing, ngalih ngungsi marang sisih kidul, mangkono uga kosokbaline.

Kaka-kaka:

zie endhang

Kaki-kaki tunggu jagung:

zie gend.

Kukuk bêluk

a. kukuk bêluk, b. kukuk bêluk ... durung kasumêrêpan dununge

c. kukuk bêluk dumunung ing alas, d. kukuk bêluk sok diingu ana ing gareja, e. kukuk bêluk nêtês sarta dumunung ing karang-karang sarta dumunung ing gunung-gunung kang tanpa kêkayon

Kukus:

Ing ngisor iki pradikaning kukus, kaya ta: imutik kukusing gêlap.

niragra gêlap paju, kupak grasa gêlap gêni

--- 1 : 388 ---

dama sawu kukus tunon bajra gêlap wedang, bajra pêka gêlap arung, thathit gêlap nyambêr

Kukusan:

zie abdi dalêm gêdhong têngên

Kokosan Kw.:

limun. Pananduring wit kokosan, yèn wis 14 taun lagi awoh, wiwit pêntil nganti tuwa lawase 7 sasi, rasane kêcut, kang rada enak duwe lêt lêgi. Kokosan iku ora kêna dicangkok.

Kokosan:

wangsalan Tjent. tanpa basa, olèh dening ngoko

Kikil:

zie kêbo

Kikil (wadu aji):

Têgêse sikil, iya iku sangisoring dhêngkul tutug ing polok, iku dadi pêparoning jung, nyôngga lêbon bau wong loro.

Kukêmong:

zie gamêlan (laras) letl. j

Kakab:

iwak ... wangsalan Tjent. kêsusu ngombe kasatan, olèh dening ngokob.

Kudanawarsa:

Adipati ... zie pôncaniti no. 8

Kada:

wangsalan Tjent. jêjêring pamuwus, olèh dening ada-ada.

Kadukmanis:

zie gend. slend. pat. nem.

Kadukmanis:

zie gend. reb. pat. nem pel.

Kadukmanis:

rêbab nyai ... zie gamêlan karaton letl. c

Kudus:

Kangjêng Ratu ... zie Ngimagiri no. 117

Kudus:

sunan ... zie wali no. 17, 20 en 31

Kudus jaksa ngiras pangulu:

sunan zie pôncaniti no. 27-28

Kudus sajarah:

Sunan Kudus putrane Sunan Ngudung, trah sayid, pêputra 1. Pangeran Sujaka, 2. Pangeran Pradabinabar

Kudus pasarean

No. 1. Sunan Kudus, 2. ingkang garwa,

3. P. Sujaka, 4. P. Pradabinabar ... putrane Sunan Kudus

5. Nyai Agêng Murtapada, kang rayi Sunan Kudus

Kadisaba:

Nyai agêng ... zie sela no. 2

Kaduwang (katuranggan):

Jaran wêton kaduwang kêkulitane kandêl, sikile gêdhe sêmu têlês

Kidul:

' = duksina, kidul wetan = bya-bya, kidul kulon = kaneya of ganeya zie keblat

Kudalaleyan:

zie laleyan

Kudalaleyan (padhalangan): [(...]

--- 1 : 389 ---

[...padhalangan):]

Radèn Kudalaleyan, jumênêng nata anggêntèni ingkang rama Prabu Suryamisesa ing Jênggala, ajêjuluk Prabu Suryamiluhur, olèh 3 taun, banjur pindhah marang karaton Pajajaran, karsa mangun busananing wayang purwa, pinèt sapatute, para nata sinatriya lan punggawa, sinangkalan wayang obah rupaning dewa

Kadêmangan (dodotan):

zie dodot no. 4 letl. d

Kadi bala:

zie sela no. 2

Kadung:

Kang yasa wayang purwa Kyai Kadung Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV nalika taun 1726 zie P.B. IV letl. b

Kadung:

for kerbau = caruk for samp. zie kêbo (sungu)

Kadung:

zie wayang

Kadung:

zie pêrmadi

Kidung Kw.:

arinya, ujung, kênas, sanggira, walkasa, walgana, paula, dhinangsa

Kidang kêncanan (padhalangan):

a. Nalika sinuhun Ratu Tunggul, ing Giri makili karaton ing Dêmak, nganggit wêwangunaning wayang purwa, sinuda dêdêge, ugêre: mripat panthêlêngan, liyêpan sarta layapan, lan winuwuhan yaksa pragosa, mripat loro, prabote cawêt kaya arca, karo dewa prabote iya cawêt kaya arca, apadene wayang wadon sampuran ngore rambut, barêng wis ganêp salakon ingaran wayang kidang kêncana, sinungan sangkala Bathara Guru nitih lêmbu andini muni: salira dwija dadi raja = 1478.

b. Kang yasa wayang kidang kêncanan ginêmpur rambute iku Panêmbahan Senapati Ngalaga ing Mataram nalika taun 1541 zie senapati ngalaga.

--- 1 : 390 ---

Kadilangu, Pangeran:

1. Sunan Lèpèn, saka garwa, 2. Radèn Tumênggung Wilatikta, ing Tuban, iya iku ingkang rama Sunan Lèpèn, 3. Ingkang garwa Sunan Lèpèn, 4. Nyai Agêng Pambayun, 5. Nyai Agêng Panênggak, 6. Sunan Adilangu putra Sunan Kalijaga,§ Nanging ing Kutha Gêdhe iya ana pasareane Sunan Adilangu, jêjuluk Pangeran Jayaprana, putrane Sunan Kalijaga, iku êndi kang bênêr. 7. Radèn Mas Ngabdulrahman putra no. 2, 8. Ki Têrik, 9. Nyai Êmban, 10. Nyai Êmban

--- 1 : 391 -- -

Kidangsoka (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kidangsoka luk 9 nganggo kêmbang kacang, lambe loro, sraweyan sarta ri pandhan.

Kidangmas:

(id) Dhapuring kêris kidangmas luk 9 grènèng ing buri

Kêtan:

Ing ngisor iki araning kêtan sarta umure, kaya ta: irêng umur sasi, serang umur sasi, senggol umur 5 sasi, lumbu umur sasi, pêlêm umur 4.5 sasi, gudèl umur 4.5 sasi, gajih umur sasi

Katir:

Pancadaning prau yèn kang ginawe bakal pring aran: katir, yèn kang ginawe bakal kayu aran: bèji.

Katuranggan:

Katak:

Katak iku thukul dhewe utawa ditandur ana ing pakêbonan, panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis sataun kêna didhudhuk, pangolahe mung digodhog, sarta kudu dioncèki kulite kang rêsik, awit kulit katak iku anggatêli.

Kutukan:

zie abdi dalêm Sragèn, letl d

Kutis:

zie srandu jaran, en zie kêbo, kotès, wangsalan, Tjent. janma carita, olèh dening ngêtèprès.

Kêtèwèl:

zie wit, (nôngka)

Katawang:

Para widadari ing Kaendran, yèn mataya gêndhinge: katawang,

--- 1 : 392 ---

ing jaman saiki kanggo gêndhinging badhaya yèn anjogèd, zie lokanônta. en zie Kartapati letl e

Kutu wong alang taga:

kutu kang gumrêmêt, wong: manungsa, alang: kang mibêr, taga: kang rumangkang, P.R. I 112-5

1. Kêtul, wangsalan, Tjent. kelalar mênir olèh dening katul.

2. Kètèl: ketelan, zie kêbo.

Katela:

zie tela en zie ben. Katela iku ditandur ana ing patêgalan, panandure ing môngsa katiga bênêr, lat-late ana rêndhêngan akir, ing dalêm rong sasi wis kêna didhudhuk, pangratênge digodhog, dibakar utawa dibênêm lan kêna digorèng, araning katela: abang, cêndhani, putih, dhurak, jaran, jawa, jingga, mongkrong, gambir lan balerate.

Katela gantung Kw.:

katès, gandhul, gambok, zie tela.

Katum (kawruh êmpu):

Wêsi katum iku otote kaya rambut, cahyane kaya pangilon, rupane irêng sêmu ijo, watêke apa kang dadi karêpe: katêkan, lan awas yèn ginawe lumaku bêngi, yèn ginawa pêrang luput ing mimis lan gêgaman, tuwin karêp andhêsêki, yèn ginawe mlaku dagang salamêt gêdhe kauntungane, gêlis sugih. Wêsi katum asale saka watu irêng, kang dadi pangane balung kêbo, lan balung kancil dibakar karo wêdhi malela, nganggo lênga wijèn lan lênga klenthang.

Katum:

en malik. Wêsi katum campur lan wêsi malik, iku dadi wêsi ala, rupane irêng sêmu ijo, mêncèrèt mrakutuk asamun, yèn dithinthing unine: thong, gung.

--- 1 : 393 ---

Katela:

1. ahanggêndhulak, ing jêro kuning rasane enak. 2. rôndhasisig, ing jêro irêng. 3. kapri, kulite abang nom, wujude nyêmpluk sajak balimbingan. 4. kêplak, rupane putih sarta bisa gêdhe. 5. slènggrêng, wite wulung, godhonge sêmu wulung. 6. sênggani, kulite kuning kayu mati, bisa gêdhe. 7. putih, rupane iya putih, mèmpêr putihing gadhung. 8. jingga, kulite abang tuwa, ing jêro abang nom, rasane lêgi, nanging ora bisa gêdhe. 9. gôndasari, ing jêro kuning nom. 10. boho. 11. balerante, cilik-cilik, kulite abang, ing jêro abang sêmu irêng. 12. bayêman, kulite sajak pating sradhil. zie Brm 1908 no 97

--- 1 : 394 ---

yèn dhapur luk, mênawa ana gawe parigawe: agawe kagèt marang tangan, yèn dhapur bênêr dadi kala, mêntas pêrang gowang-gowang, ucul saka tangan kasusahan, mung yèn ginawe golèk wong wadon gêlis olèh, dingati-ati.

Kutug:

wong kêkutug malêm Sukra Manis lan Sukra Wage ora kêna.

Kêtib:

pangeran ... zie Dêmak no. 10

Kêting:

iwak, wangsalan, Tjent. pandaming wong kêmit, olèh dening: ting.

Kêtanggung:

zie tanggung.

Kêtunggèng taya:

of toya gew tunggangtaya. Jaran ciri tunggangtaya, unyêng-unyêngan manggon pênêr ing jalak, watêke ala, kang ngingu nêmu bilai, kacidra ing wong, sarta kêrêp laranên saanakbojone

Kisi:

zie kêbo.

Kasan Kusèn:

Sayid, ... zie brahat, no. 2.

Kasur Kw.:

dranadha, sayastha, lalusupathaka.

Kusir:

' = wuruk, En zie kênèk.

Kunut tunggal:

brahmana rêsi ... zie pôncaniti no. 15

Kêsit:

en tutut. Apa titikane kewan kêsit lan kewan tutut, mangkene: kewan kêsit sabangsa-bangsane mêsthi mung sawarna, kaya ta: ula gadhung ora bisa lakèn karo ula lareangon, ananging kewan tutut bisa laken lan liyane, andadèkake rupane warna-warna, kaya ta: pitik, dara enê yèn pinêksa saka panggawening manungsa dadi blastêr, kaya ta: ayam alas dibaboni jawa dadi bêkisar, bêkisar dibaboni jawa manèh dadi bêkikuk, rupane malih wis ora kaya ayam alas, sarta watêke dadi tutut, voor R. Ng. Poerbodipoero ind Regent gedong tengen.

Kasturi Kw.:

rawidha, kasturlya, turila, turiya, radyaksa, padhaksya

Kasatriyan:

zie kartapati

Kasatriyan (dodotan):

zie dodot no. 2 letl. l

Kasatriyan (katuranggan):

Pacake nunggang jaran ingaran kasatriyan: zie tunggang letl. b

Tunggang (padhalangan).

Adêging nagara Jênggala nalika taun 1120 kang jumênêng nata ajêjuluk Prabu Dewakusuma, barêng sajroning taun 1130 kagêntenan ingkang putra panênggak nama Radèn Panji Kasatriyan ajêjuluk Prabu Suryamisesa, mangun wayang purwa kajujut, babone corekan ing Mamênang, sabên ana pasamuan wayang mau kajajar aran panggungan sarta wiwit nganggo tinabuhan gamêlan salendro, nganggo pathêtan sarta grêgêt saut apadene têmbang gêdhe, [gê...]

--- 1 : 395 ---

[...dhe,] sang prabu karsa andhalang piyambak, para kadang kadeyan kadhawuhan nabuh gamêlan, sinangkalan tata karta titising dewa = 1145.

Kastaga windu:

Jaran ciri kastaga windu unyêng-unyêngan siji ana sikil ngarêp sangisoring dhêngkul, watêke bêcik, sabarang kang tinêmu slamêt, luhur.

Kaswari:

Kaswari iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Asiyah.

Kuswarini (têmbang têngahan):

u, a, u, a, i, a, i / 12, 6, 8, 8, 8, 8, 8

Rasa madu satawana kang kêkuncung / liringira mirah / manis mrak ati maladkung / niring tuwuh jayèngtirta / baya ingsun nêmah pati / wohan sungsang lungse môngsa / lamun kasèp tan tinolih //

Kuswaraga:

(id) o, a, i, u, a, i, i, a, u

Niring satya mirah ingong / janma anglalu antaka / kalamun andika gusti / cidra marang dasihipun / yêkti ingsun suduk jiwa / wilangan wolu kêkalih / wastra limput raga gusti / inggih ing sadasa-dasa / sampun kabêbêding lulud //

Kuswa wirangrong:

(id) i, o, u, e, a, a // 8, 8, 10, 6, 7, 8

Widhe langsur sun wastani / kalabang mawa sêsorot / anggèr pirabara dasihipun / karya rênèng ati / parikan sangku kisma / amung sampun kongsi cuwa //

Kuswalalita:

laku 23 pêdhotan 5, 6, 6, 6, x 2 = 46 x 2 = 92

Soroting pandam / sumuluh madhangi / jroning pasarean / ngênani wadana / arêmu-rêmu / kalingan ngangrangan / sang dyah manahên kung //

Sumungkêm guling / sang kakung mangrêpa / babo eman-eman / biratên brangta / aywa sungkawa / ulun tadhah runtik / sumanggêm sakarsa / ngrabasèng raras rum //

Zie têmbang gêdhe. Zie wêgang sulanjani

--- 1 : 396 ---

Kusumaningrat:

Kangjêng ratu saka ... Ngimagiri no. 102

Kasa Madura:

zie tangguh

Kusumadilaga:

Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga yasa gamêlan salendro pelog, bakale: kaca kang garap dêmang Prawira, gonge kêmodhong, barêng wis dadi diparingi aran gamêlan Sênggani.

Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga yasa topèng, jamangan kaukir rupa-rupa, ana kang dipêtha pula pêpulêtan tumumpang ing jaman, ingaran ardawalika, sawênèh rineka grudha kancingan jamang tumrap ing pilingan, kanggo ing topèng wadon utawa gunungsari, klana diparingi aran Jaka Pamiruta lan Kalana: jaran guyang. Gunungsari: bontit, lan banjêt, wadon: pamêdharsih lan mindaka.

Kusumastuti:

zie têmbang gêdhe laku 13 pêdhotan 7, 6 x 2 = 26 x 2 = 52

Dhuh kulup putraningsun / sirèku wus wanci / pisah lan jêningjêning. ingwang / ywa kulinèng ardi //

Bêcik sira nèng praja / suwitèng narpati / nanging ta wêkas ingwang / ywa pêgat têtèki //

Kusumawicitra:

zie têmbang gêdhe laku 12 pêdhotan 6, 6 x 2 = 24 x 2 = 48

Dyah malbèng pahoman / manunu dupa mrik / murwèng nungku pudya / kang pinitèng dewa //

Wruh nèng jatukrama / tang singhit manggraha / praptèng ri buwana / tang molih astuti //

Kusumawicitra:

laku 12 (3, 3, 3, 3) x 4 kancah côndrawilasita

Kusumayuda:

zie Ngimagiri no. 132

Kusumayuda:

f zie Ngimagiri no. 133

Kusumabrata:

zie Ngimagiri no. 164

Kusumabrata:

fr. Ngimagiri no. 171

Kawah Côndradimuka:

zie dhatu (1)

Kewan Kw.:

atata, ataga, atbana, satwa, wrigu, wêrgana, lubana, pasu, mêrga, mêrgu, burwan. Kewan ora kasinungan budi lan istiyar T.A. 10-2 zie manungsa en malaikat

Kuwèni Kw.:

he aji, ambawang, kurima, kawèni, Poh ambawang, poh kawèni, pakèl, gêndheyo

Kuwèni:

Wangsalan Tjent. tinantang purun, olèh dening wani, en zie wit

--- 1 : 397 ---

Kewan (anak):

Araning kewan kang anake ana jênênge dhewe kaya ta:

asu-kirik, cêcak-sawiyah

cèlèng-gênjik, jagar (jumagar)

kêndhêla-sênggutru, kucing-cêmèng, yèn laki: gandhik, yèn manak: nai

kakap-pêlak

kutuk: yèn lagi nêtês: beyongan, yèn wis rada gêdhe: kocolan

kotès-bêncèng

kodhok: yèn lagi nêtês: cebong, banjur malih dadi prêcil wusana dadi kodhok, kodhok kawak aran: kongkang utawa bangkong

koyong-kraca, kêbo-gudèl, kêthèk-cênguk

kêthèk kawak aran: bangkokan

dara-piyik, tikus- cindhil

tuma-kor, êndhoge aran: lingsa

tagèh-bèkèl, sapi-pêdhèt, warak-plêncing

--- 1 : 398 ---

wêlut-pudhèt, wêdhus-cêmpe, wong-bayi, lintah-pacêt, lele-jabrisan, pitik-kuthuk, jaran-bêlo, yuyu-bèyès, mênjangan-komprèng, menthog-minthi, macan-gogor, dhing kw. ora ana dhangdhing = macan,

peyor Residentie Japara

mêrak-uncung, glathik-cecrekan, gajah-blêdug, banyak-blêngur, brati-tongti, buta-wil, bulus-kêtul, baya-bajul,

krete, thèngèl japara

bèbèk-mêri

--- 1 : 399 ---

Kewan (asma):

Araning kewan ing basa Kawi kang kagêm asmane para luhur ing jaman kuna, kaya ta: undhakan (jaran) sastramiruda, Ayamwuruk, Kudalaleyan, Kêbo Kênanga, Kanigara, Siyungwanara, Widata, wigati (rase), Lêmbu Pêtêng, Miluhur, Jaran Panolih, Jayadimurti (cêcak), Maetandêman, bothi, Mundhingwangi (kêbo), Matswapati (iwak loh), Bundhan (kadhal) kajawan, Banjaran (kêbo) sari, Banyak Widhe, Basu (têkèk) dewa, Bisawarna (têkèk)

--- 1 : 400 ---

Kewan (krama):

Araning kewan kang ana kramane, kaya ta: asu-sagawon, iwak loh-ulam loh, cèlèng-andhapan of cêlêngan, kêbo-maesa, tuma k.N-itik k.I, sapi-lêmbu, wêdhus-maenda, pitik-ayam of sambêran k.D., jaran-kapal of kèpèl k.D., jago-sawung, manuk-pêksi, mênjangan-sangsam, macan-sima, gajah-liman, gêmak-puyuh, bèbèk-kambangan

--- 1 : 401 ---

Kewan (lanang wadon):

Kewan lanang wadon kang duwe aran dhewe-dhewe kaya ta:

ranggah-mênjangan, tuu-kolik

Pakêcapane: kolik tuu, sarta swarane tuu ora tuhu, beda swarane tuhu (têmên) katon tuhu.

jago-babon, banthèng-jawi

--- 1 : 402 ---

Kawiradya (padhalangan):

Dhalang kudu bisa marang umpak-umpakaning karaton kang ginawe jêjêring lakon tinimbang karo karaton liyane, sarta kudu sumurup marang karta-kartine sawiji- wijining nagara apadene kudu rêsik sarêngganing kadhaton.

Kawuk Kw.:

digsu, salira, wiyangga, manyawak, miyangga

Kuwuk Kw.:

kuwaka, srênggampa, wilpusa, grêndama, grêdawa, gêrdula, gêrdama, gridha, gêrmusa, rewa

Kawuda:

zie trate

Kawêt:

zie kêbo

Kawit:

zie gend. gêndèr

Kawitana:

zie têmbang gêdhe laku 17 pêdhotan 5, 6, 6 x 2 = 34 x 2 = 68

Irika ta sang / Gathutkaca kinon / mapak arka suta / têkapira Krês- / na Parta manêhêr / muji saktinira //

Sang inujaran / wangwang asêmu gar- / jita arsa marêk / mawa caraba / gya ywan nana pakon / mring patik narpati //

Kawis Kw.:

kawista

Kawis:

wangsalan Tjent. akon luar, olèh dening wis

Kuwasa:

Istijrating kapir, Kramating wali, Kodrating Allah, Kasêktèning dewa, Mukjijating Nabi

Kwis kuwal:

Kwis kuwal iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah Eropah

Kawal:

Pangulu ... zie pôncaniti no. 37

Kawul:

zie wit (arèn)

Kuwalon:

zie kêbo

--- 1 : 403 ---

Kuwalot:

Wit kuwalot rupane putih, gêdhene mung sajêmpolan sikil, dhuwure ora bisa luwih têlung kaki, godhonge kaya godhong uwi, nanging rada cilik, thukul ing alas.

Dhangkèl kuwalot kêna ginawe tômba cacingên, wong pangalasan wis padha nyoba yèn dhangkèl kuwalot kang gêdhene sajêmpolan sikil tumrap ing bocah umur sataun, 1 dim umur 3 taun, 2 dim sapiturute, yèn tumrap ing wong tuwa 6 dim, patrape kagêcak nganggo banyu lan uyah sawuku, kapêrês banjur diombe, iku bisa amêtokake cacing akèh, nanging yèn kêladukên sok ambilaèni, bisa andadèkake jalaraning pati, sarta panawane durung kasumurupan.

Kuwaga:

Kuwaga iku dumunung ing tanah Aprikah kidul, suwarane: kwaga, kwaga, mulane diarani mêngkono dening unine iku. Manuk kwaga ora kêna diingu ing manungsa.

Kuwung:

zie gend. bon. pat. bar. pel.

Kuwung:

zie tangguh

Kuwung Cakrakusuma

Kuwung Kêmplang:

zie bathikan

Kuwung sari:

zie bathikan

Kuwung picis:

zie bathikan

Kuwung Bratayuda:

Kawungan:

zie tatahan

Kowangan:

wangsalan Tjent. sada sadhuwit olèh dening suwang

--- 1 : 404 ---

Kul Kw.:

' = keyong, paribasan ora mogèl kul, iku wong tani bêntil, diupamakake ngungkuli keyong olèh ora lunga -lunga, keyong isih nganggo mogèl, wong tani bêntil ora.

Kala:

Bathara ... Ing ngisor iki bocah kang dadi pangane Bathara Kala awit saka timbalane Sang Hyang Guru, kaya ta:

ontang-anting, bocah tanpa sadulur, tininggal ing bapa biyung

ugêr-ugêr lawang, sadulur loro padha lanang

ungkêr, bocah mêtu kagubêd-gubêd ing usus

krêsna, sang ... bocah irêng mulus

kêrdha, bocah mêtu têlu kang siji bungkus

kê (of gê) dhana kê (of gê) dhini, bocah kêmbar padha wadon

kêmbang sapasang, bocah kêmbar padha wadon laire sarênti

dangdangan, sadulur lima panêngahe lanang, kang papat wadon

tawang gantungan, bocah kêmbar laire sarênti seje dina

tujah, bocah salewah, bêlang putih lan irêng

tiba sampir, bocah mêtu kalung usus

sêndhang apit pancuran, sadulur têlu panêngahe wadon

sarimpi, sadulur papat padha wadon kabèh

sarômba, sadulur papat padha lanang kabèh

wahana, bocah mêtu satêngahing karamean

wujil, wong cebol

wungkuk, bocah mêtu tanpa ari- ari

pancuran apit sêndhang, sadulur têlu panêngahe lanang

pancala putra, sadulur lima padha lanang kabèh

pancala putri, sadulur lima padha wadon kabèh

pipilan, sadulur lima panêngahe wadon, kang papat lanang

dhampit, bocah kêmbar lanang wadon

dhêngkak, bocah bajang

dhungkuk, bocah wungkuk

julung sungsang, bocah mêtu wayah bêdhug

julung wangi, bocah mêtu barêng lan palêthèking srêngenge

julung lumarap, bocah mêtu wayah suruping srêngenge

julung pujud, bocah mêtu wayah srêngenge gumlewang

mêndêking, bocah mêtu pitung sasi sapangisor

margana, bocah mêtu ana ing saba paran

gondhang kasih, bocah mêtu kêmbar siji bule, sijine irêng

--- 1 : 405 ---

gupila, bocah bule putih

gêdhana-gêdhini zie kêdhana-kêdhini

butun, wong bucu ngarêp

bungkus, bocah mêtu bungkus

Bocah julung kang dadi panganing Bathara Kala kaya ing ngisor iki:

ontang-anting, bocah tanpa kadang sarta ta na tanna. bapa biyung

ugêr-ugêr lawang, sadulur loro padha lanang

krêsna, wong irêng mulus

kadhana-kadhini, sadulur loro padha wadon

kêmbar, bocah lair barêng sadina lanang padha lanang, wadon padha wadon

kêmbang sapasang, sadulur loro padha wadon

tawang gantungan, bocah kêmbar laire srênti nganggo antara dina

tiba ungkêr, bocah lair kagubêd ing usus

tiba sampir, bocah lair kalung usus

sêndhang kapit pancuran, sadulur têlu, lanang loro wadon siji

sarimpi, sadulur papat wadon kabèh

sarômba, sadulur papat lanang kabèh

sakrêndha, bocah lair loro utawa têlu tunggal sabungkus, wêtune barêng

siwah, wong salewah

wahana, bocah lair nuju ana pasamuan

walika, wong bajang

wujil, wong cebol

wungkul, a. bocah lair tanpa ari-ari, b. wong wungkuk wiwit bayi

wungkus, bayi lair bungkus

wungle, wong bule

pancuran kapit sêndhang, sadulur têlu lanang siji wadon loro

pancala putra, sadulur lima lanang kabèh

pancala putri, sadulur lima wadon kabèh

padangan, sadulur lima lanang papat wadon siji

pipilan, sadulur lima lanang siji wadon papat

dhampit, bocah lair barêng lanang wadon

dhêngkak, wong bucu ing ngarêp

julung sarab, bocah lair ngarêpake surup srêngenge

julung sungsang, bocah lair wayah têngange

julung wangi, bocah lair wayah palêthèking srêngenge

julung pujud, bocah lair wayah surup srêngenge

--- 1 : 406 ---

jêmpina, bocah lair durung mangsane, kaya ta: mêtu pitung sasi utawa wolung sasi

margana, bocah lair ana ing saba paran

gondhang kasih, bocah lair kêmbar siji bule sijine irêng

butun, wowong. bucu ana ing buri P. R. I 172

Bathara Kala kaparingan pancèn kang dadi pangane dening Sang Hyang Guru wong kang nglakoni panggawe kaya ing ngisor iki:

anak: a. nglela-lela anak ing wayah bêngi, b. ngambung anak nuju turu

ênjêt: yèn ing wayah bêngi ingaran: tai manuk, ora kêna ingaran: ênjêt

idu: wong idu ingilo-ilo damar? P.R. I 179-2 v.o.

uwuh: a. pawuhan sacêdhaking omah, b. nyapu uwuhe dibopong, c. nyapu uwuhe diandhêgake, d. ambuwang uwuh ing longan, e. ambuwang uwuh saka ing candhela, f. wong mêmantu ambuwang uwuh

usap-usap: a. usap-usap rai kalawan jarit, b. usap-usap rai kalawan kulambi, c. usap-usap lambe kalawan jarit

èdhèg sikil

uyuh: a. wong nguyuh ing wêwadhah, b. wong nguyuh ing omah, c. wong nguyuh ing dêdalan

omah: a. nganggo balungan omah bang-bangan, b. nganggo balungan omah tilas sanggar utawa cungkup, c. nganggo balungan omah tilas kandhang, pawon utawa tilas kori, d. ngarêgake omah mônggasesa, e. omah tanpa tutup keyong

--- 1 : 407 ---

ambèn tanpa kalasa

obong: a. wong ngobong rambut, b. wong ngobong balung, c. wong ngobong kulit bawang, d. wong ngobong kayu kelor, e. wong ngobong klikaning dhadhap, f. wong ngobong galar, g. wong ngobong sapu gêrang, h. wong ngobong ulêg-ulêg, i. wong ngobong enthong, j. wong ngobong irus

carobo

candhelaning omah isih mênga nuju wêtuning candhik ala

rambut ingore

kêndhi: a. kinrêbêgake ing kêndhi, b. ingisenan padha kêndhi

kêndhil, ginawe adang tinrapan kukusan

kuku: a. ngêthoki kuku ing wayah bêngi, b. nyakoti kuku, c. sogok untu kuku

kutug: a. wong ora tau kêkutug, b. wong kêkutug ing ari malêm Sukra manis lan Sukra wage

kasur tanpa pramada

kêlan godhong lombok

kelor, wong nglangkahi gaganging ...

kêlud: a. wong kêkêlud karo tangan, b. wong kêkêlud karo jarit

dandang: a. atrap dandang ing pawon durung mususi bêras, b. ngrubuhake dandang nalika ginawe adang

dariji, ing wayah bêngi anjêthuti

drêmenan, ingonèkake ing omah

damar: a. calupak diilingi lênga saka ing calupak, b. ngungalake damar karo dariji, c. ngungalake damar karo gagang suruh, d. nganggo ucêng-ucêng têgêsan

tai: wong ngising ing omah

turu: a. wong turu ing wayah esuk, b. wong turu ing wayah têngange, c. wong turu ing wayah surup, d. wong turu ana waton ambèn, e. wong turu ambrungkus dalamakan, f. wong turu nganggo kulambi

tratag, tilas gêdhèg omah

tawur, wong ora tau ta ...

tuma: a. ambuwang tuma urip zie buwang, b. wong sok dhêmên dhidhis, c. petan ing wayah bêngi, d. metani kang wadon, e. anggitês lingsa ana ing êndhas

sawur, wong ora tau sa ...

--- 1 : 408 ---

sela cêndhani rinawatan ing omah ora kabuntêl

sapu: a. wong ora tau nyênyapu, b. wong nyapu ing wayah bêngi, c. wong nyapu uwuhe diobong, d. wong nyapu uwuhe diandhêgake, e. sapu dèn adêgake ana ing omah

supata, wong sugih ...

saji, wong ora sa ...

sumur: a. ana ing ngarêpan bênêr, b. ana ing buri bênêr

sambêl: wong nyambêl binanyonan duduh jangan

sêga: a. sêga dèn wadhangake, b. wong simpên sêga aking

singsot

wuh zie uwuh

wuda, wong tuwa sok awu ...

wêtêng kinêbuk

wadhah: a. tanpa tutup, b. tinatapake

wong wadon mêtêng: a. angêngandhut of anggêgendhong, b. linggih ing tampah, c. linggih ing lumpang

wungkusan, ora ingulapan bitinge, mung dèn suwèk bae

lawang: a. lawanging omah mênga nuju wêtuning candhik ala, b. wong ngadêg têngahing lawang, c. wong gandhulan lawang, d. wong linggih ing pipi lawang

lampit, ginulung dèn adêgake ana ing omah

lumbung, tanpa dhasar

labuh, wong ora tau la ...

lêlungan, tinandur ana ing ngarêpan

linggih: a. linggih karo sôngga uwang, b. linggih ing bantal

pènèk: a. wong mêmènèk ing wayah têngange, b. wong mêmènèk bola-bali

pitik iwèn: a. dikandhangake ana ing omah, b. pakarangan ana ing omah

pawon: a. marêp mangetan, b. marêp mangalor, c. wong mantu mênyang pawon

pipisan: a. nugêlake pipisan utawa gandhik, b. mipis, kang pinipis jinupuk saka ngarêp, c. nglumahake pipisan racikane durung miranti, d. mipis marêp mangalor utawa mangidul

pajangan, tanpa samir

payung, ingêgarake ana sajroning omah

pomahan, palêmahane miring

--- 1 : 409 ---

pagawean: a. nyambut gawe kasar nganti suruping srêngenge durung bubar, b. nyambut gawe malêm Jumungah

pangan: a. wong mangan ajang pucukan godhong gêdhang, b. wong mangan karo têturon, c. wong mangan karo lumaku, d. wong mangan karo ngure rambut, e. wong mangan sêgane isih panas, f. wong mangan bêngi tanpa dimar, g. wong mangan ana ing omah suwung, h. wong mangan ana ing paturon, i. mêntas mangan tanpa wisuh, j. mêntas mangan ajange ora diasahi, k. mêntas mangan durung wisuh tangane diusapake ing jarit, l. mêntas mangan nganggo suru godhong, barêng wis ora disuwèk, m. wong mangan ambalèni sisane

pangilon: wong ngilo karo gumuyu

dhedhe, wong dhêmên a ...

jarit, wong dhêmên kêkêmul ...

mule, wong ora tau mu ...

gandhik zie pipisan

goroh, wong anggorohi duwèke dhewe

gêdhang: it gêdhang tinandur ing ngarêpan

buwang: a. wong ambuwang tuma urip, b. wong ambuwang uyah

6. wayah bêngi tanpa damar

7. ana ngomah suwung

8. ana paturon

9. mêntas mangan tanpa wisuh

10. durung wisuh, tangane diusap-usapake ing jarit

11. nganggo suru godhong ... nèk wis ora disuwèk

12. mangan ambalèni sisane. Kabèh iku dadi panganing Bathara Kala.

--- 1 : 410 ---

c.c, d, dan seterusnya pada halaman 410 seharusnya masuk pada hal. 409. wong ambuwang duduh jangan

d. wong ambuwang kokoh

bapa biyung: dèn uyuh arane

bumbung wung wang ora kêna ginawe dandanan

ngèngèh: wong ora tau ngengehan, kaya ta: nutu ora tênggaltinggal. bêras ing lêsung enz.

--- 1 : 411 ---

Kala:

' = kênong, zie lokanônta

Têtêngêring prang ing jaman kuna, anggitane Sri Maharaja Kano ing Purwacarita, arupa:

kala = kêndhang, sôngka = gong

gubar: iku dhapure sairib kaya bêndhe, nanging tanpa pêncu

bairi: kalanturing pakêcapan dadi bèri awit katarik saka dhapure kaya bèri

puksur: dhapure sairib mèmpêr trêbang utawa tambur, tabuhe kayu

gurnang: kaya kênong, nanging nganggo digandhulake sarana tali

thongthong: dhapure sairib kêndhang, nanging klonthongane kang digawe gôngsa, tabuhe kayu

grit: dhapure kaya têrbang, nanging panabuhe kaya tambur

têtêg: dhapure kaya bêdhug

maguru gôngsa: dhapure mèmpêr kêmodhong nanging digantung sarana tali

zie brom. 1900 no. 43

Kali:

Araning kali bawah karesidhenan Surakarta kang muni ing layang J.Z. I. 227-11 v.o. pratelane kaya ing ngisor iki: [iki...]

--- 1 : 412 ---

[...:]

Cêmara ... kulon, Karangwuni ... kulon, Klathèn ... kulon, Kêdhung Banthèng ... wetan, Lusah ... k, Usur ... k, Pepe ... k, Jênês ... k, Dêngkèng ... k., Jêbol ... k, Tèmpèl ... k, Yagang ... k, Sraya ... w., Mrêbung ... k, Sragèn ... w., Mungkung ... w, Serang ... w., Gondhang ... k, Samin ... w, Grompol ... w, Sanggung ... k, Bonrama ... w, Wingka ... k, Ngaribaya ... w, Wôngga ... k, Nglajur ... k

Kali Kw.:

narmada, nadi, sunge, sunghe, wlahan, lwah, lêwah, lèpèn, jahning, bahnawi, bênawi, bêngawan

Kula:

' = kawula J.W. 83 voor: kaanggêran cacah damêl kula tiyang sèkêt sapanginggil

Kula:

' = k.N., amêng-amêng namur kula P.R. IX 194-10 v.o.

Kuli:

Têmbang: kuli asale saka bôngsa Enggris, nalika nyêkêl pulo Jawa, parentah marang wong Jawa akon ambungkus barange, têmbunge: collies = ayo bungkusana, panampane wong Jawa awake ingaran: kuli D.k. 1906 no. 19.

Klauir:

a. klauir iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah Têngah utawa sisih kidul, mangan bangsaning ênthung. b. id mung kacèk ulêse beda

Kulon:

' = pracima of pakcima kw.

Klana:

panakawane: Sêmbunglangu

Kalèn:

zie srandu jaran

Klenang:

Araning ricikane gamêlan Kyai Mardyangga = Carabalèn

--- 1 : 413 ---

Kolonèl:

enz. Ing ngisor iki pratelane abdi dalêm prajurit jaba jêro:

kolonèl komandhan, litnan kolonèl, mayor ondêr intêndhan, kaptin ondêr intêndhan, irstê litnan kwartir mistêr, twèdhê litnan ajudan, twèdhê litnan kwartir mistêr, irstê litnan kapèl mistêr, twèdhê litnan kapèl mistêr, sêrsan, kopral, saradhadhu

--- 1 : 414 ---

Klinci:

Klinci iku bangsaning têrwèlu, dumunung ing tanah Eropah, kêna diingu ing wong, mangan wowohan, lakune mancolot, playune rikat bangêt.

Kalanadhah (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kalanadhah luk 5, sogokan siji, sraweyan sarta ri pandhan.

Klanthe:

zie krambil karajan

Klanthe:

gong kyai ... zie kodhokngorèk letl. a

Kulanthe (têmbang têngahan):

e - e - a - i - u - e - i - e // 6 - 6 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 12

Sundari daranggèr / basasmara ing rèh / sawangane gustiningwang / kadi karungrungan yêkti / sêkar arèn paminipun / majasta ruwit godhonge / nitya manda ing pangaksi / dangu-dangu kawistara pasêmone //

Klênthung:

zie gend. slend. pat. sng. zie gend. bon. pat. lima pel. zie gend. gender

Klenthang:

zie Ngimagiri no. 80

Klenthangan:

zie kêndhali

Kleca Kw.:

kaledhung, taledhung, kleca wangsalan Tjent. janma cidra ing ubaya, olèh dening ambalenjani

Kalacakra:

k. supa letl. c

Kêlir:

Kang nganggit kêlir wayang purwa Sunan Kalijaga dhèk jaman Dêmak.

--- 1 : 415 ---

Kalang:

Sri Aji Jayabaya ing Mamênang, Patih Adipati Santan, ki patih yasa griya balungan kajêng jati, nyantuni cara kina candhi, kala taun surya 857 taun côndra 883, kalimrahakên dhatêng tiyang sanagari.

Pangagêng: kalangkaba, ambawahakên bupati panêkar sakawan.

1. Kalang blandhong of kamplong, 2. Kalang kobong, 3. Kalang adhèg, 4. Kalang brèt

Wêwahan saking kalang têlukan nama kalang mêndhak.

--- 1 : 416 ---

Kupiya

--- 1 : 417 ---

Kupiya

Undhang-undhang dalêm taun 1716

Pèngêt, layang ingsun parentah undhang-undhang, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama. Dhawuha marang sira kabèh, sakèhe kawulaningsun wong ing Surakarta Adiningrat, gêdhe cilik, jaba jêro, nagara muwah ing desa.

Lire layang ingsun parentah undhang-undhang kang ingsun dhawuhakên (panambang: akên, ing jaman wau kangge k. N.) ing sira kabèh, sakèhe kawulaningsun aja ana kang wani-wani nganggo anggon-anggon kang kalêbu ing larangan ingsun, lan tindak lakuning wong aja ana wani-wani nêrak wêwalêr ingsun. Anadene kang kalêbu larangan ingsun, iki rupane:

Ukiran tunggaksêmi, mêndhak parijatha, pêndhok tatahan sawat, kêmalon abang, warôngka pêpulasan kang adhasar kayu. Dene ukiran tunggaksêmi iku kang ingsun kawênangakên nganggo: amung kawulaningsun mantri, lan kawulaningsun wong tamtama: sarupane (punapa têgêsipun têmbung: sarupane wau). Dene kawulaningsun wong kapilih patang puluh, mung lêlurah bêbêkêle kang ingsun kawênangakên nganggo, dene wong gêdhong kêpêdhak (kêpêdhak, ing sapunika punapa kêparak) kang arupa panèkêt, yèn anglakoni ayahan ingsun alêlungan, iya ingsun kawênangakên nyuriga kêris ukiran tunggaksêmi, dene ukiran tunggaksêmi kang abêbunton (dèrèng sumêrêp warninipun), kawulaningsun mantri atawa (niet utawa) liyane aja ana kang wani-wani nganggo, iku agêm ingsun dhewe.

Anadene kang arupa jarit kang kalêbu larangan ingsun, iki rupane: bathik sawat, pêrang rusak (sapunika limrahipun: parang rusak), modang

--- 1 : 418 ---

cumêngkiran (sapunika limrahipun cêmukirang, sawênèh wontên ingkang mastani sêmukirang) kang talacap modang., udan liris, tumpal (têngah putih pinggir bathik).

Dene kang arupa jarit kêmbangan, iki rupane: udaraga (abang têngah, pinggir sèrèt ijo kuning).

bango tulak (limrahing pakêcapan: bangun tulak, kados lês bango tulak, atêgês pêksi bango nanging tulak) têngah irêng pinggir putih.

lênga têlêng (têngah putih pinggir irêng).

daragêm tênun (punapa lêpat ing panyêrat, punapa pancèn wontên makatên) (abang têngah pinggir kiwa têngên wungu).

Dene bathik cumêngkirang kang talacap lunglungan atawa kêkêmbangan, kang ingsun kawênangakên nganggo mung pêpatih ingsun lan santananingsun, kawulaningsun wadana (raosipun ingkang kawênangakên ngangge: bupati santana, dede santana tuwin bupati, dening têmbung lan, sumambêt ing pêpatih ingsun awit santana pancèn sampun kawênangakên).

Dene bathikan sawat katandhan? sêmbagèn kang amawa êlar iku sarupane kawulaningsun, ingsun kawênangakên anganggoa. Dene kang kalêbu larangan ingsun, calana cindhe bêbunton, sabuk ukup bêbunton, kopyah kabirèn kang tanpa nyamat.

Dene wong aseba yèn malêbu ing kadhaton ingsun, mungguh bupati santana atawa putraningsun, malêbu sajroning kamandhungan, ora ingsun lilani yèn anggawaa uwong bêbêdan, padhaa bêbasahana, awêwêdhungana, yèn ora bêbasahan, iku kawulaningsun wong kapilih kang tungguk ing kamandhungan: kang angundurêna.

Lan ora kêna yèn anggawaa epok kayu lan kampite.

Lan maninge wong anganggo kopyah rêrendan kang dhasar baludru atawa sutra sangkêlat, mung kawulaningsun mantri kang ingsun kawênangakên.

(1). akên, kangge ing ngoko, punapa punika basa kadhaton, (2). pêndhok tatahan sawat, kadospunapa warninipun, (3). têmbung sarupane atêgês punapa, (4). wong gêdhong kapêdhak punapa gêdhong kaparak, (5). ukiran tunggaksêmi ingkang abêbunton warninipun kadospunapa, (6). pêrang rusak punapa saking kalintuning panyêrat punapa pancèn namanipun pêrang rusak, dede parang rusak, (7). cumêngkirang lumrahipun nama cêmukirang, sawênèh amastani sêmukirang, punika pundi ingkang lêrês, (8) bango tulak, limrahipun nama banguntulak, nanging mênawi kapirit suraosipun lêrês bangotulak, têgêsipun pêksi bango ingkang laripun tulak, (9) daragêm tênun, kula dèrèng nate mirêng ungêl makatên, punapa sampun lêrês nama makatên, (10). kopyah kabirèn punika ingkang kados punapa

--- 1 : 419 ---

Anggêr- anggêr

Pèngêt, nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhakên marang kawulaningsun Si Angabèi Amongpraja.

Marmane Si Ngabèi Amongpraja ingsun gadhuhi nawalaningsun, dene ingsun gawe kawulaningsun mêksa, ana ing pranatan ingsun, iku ingsun andikakakên ambêbênêri marang sakèhe kawulaningsun ingkang padha aparapadu. Iku Angabèi Amongpraja sira anganggoa ingkang têmên-têmên, lan ingkang rêsik-rêsik, sarta dèn iklas atinira, lan sakancanira jêjênêng lawang sarayuda kabèh, iku ingsun andikakakên ambêbênêri marang sakèhe kawulaningsun kang padha aparapadu, kajaba kang munggah ing khukum, lan ingkang awit têka ing wisesa, lan ingkang kajaba awit salakirabi, iki rupane:

Begal, maling, bradhat, bêdhog, colong, sêlêr, jupuk, utang-apipotang, aku-ingaku, gadhe-ginadhe, titip-tinitipan, sêlang-sinêlang, obong omah, kang padha alaku maling, apa sapêpadhane ingkang padha alaku cidra, lan sarupane kawulaningsun, gêdhe cilik bawahing Surakarta Adiningrat, kabèh wong sajroning nagara, ingkang padha utang-apipotang, gadhe-ginadhe,

--- 1 : 420 ---

silih-sinilihake, titip-tinitipan, padha anganggoa cêcêkêlan layang, yèn bocah ingsun kang lumaku ing gawe mantri sapandhuwur, padha anganggoa layang sarta pratôndha cap, dene bocah ingsun sangisoring mantri sapangisor pisan, layange iya nganggoa tôndhatangane dhewe-dhewe, lan tôndhatangane sêksine wong loro, samangsane ora nganggo cêcêkêlan layang, kongsi dadi prakara, anggugat marang pradata, tanpa dadia pêpadone, dene kawulaningsun kang padha alaku dagangan, adol tinuku ana ing pasar, iku yèn dagangane dituku, awarana diutang, marang kancane padha bakul, atawa ing liyane, iku padha asêksia marang ing tandhane, kang anguwasani pasar kono, atawa sêksia marang padha bakul, yèn sêpi salah sawijine kongsi dadi prakara, iya ora dadi pêpadone, nanging ingsun wêwalêri wong apadu iku, anadene wêwalêr ingsun mênawa ana kawulaningsun aparapadu alêlawanan lan wong kasultanan, iku ingsun anggêri kala rama patêmon lawan eyang sultan ing Jatisari, iku saprene dadia pêpadone, dene sadurunge Pajatisari: ora dadi pêpadone. Kaya mêngkono manèh lamun ana wong apadu alêlawanan lan wong Kamangkunagaran, iya ingsun anggêri, kala rama têdhak marang Salatiga karo uwa

--- 1 : 421 ---

Adipati Mangkunagara, iku saprene dadia pêpadone, yèn sadurunge Pasalatigan ora dadi pêpadone.

Prakara ping 1 enz (art. 1 t/m 42)

Sinêrat ing nagari Surakarta Adiningrat, ing dintên Sêtu tanggal kaping 18 sasi Bêsar ing taun Dal, angkaning warsa: 1759.

--- 1 : 422 ---

voort: art 1. letl b. no. 2

Asma Susuhunan

Ngoko I

(Ingsun, sira)

met akên

Nawalapradata

Pèngêt, nawalaningsun, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhakên§ akên, jaman 100 taun kapungkur kanggo ing N. marang kawulaningsun Si Ngabèi Amongpraja.

Marmane Si Ngabèi Amongpraja ingsun gadhuhi nawalaningsun, dene ingsun gawe kawulaningsun jêksa ana ing pradataningsun, iku ingsun andikakakên ambêbênêri marang sakèhe kawulaningsun ingkang padha aparapadu. Iku Ngabèi Amongpraja, sira nganggoa ati têmên- têmên lan ingkang rêsik-rêsik sarta dèn iklas atinira, lan sakancanira jêjênêng lawang sarayuda kabèh. Iku ingsun andikakakên ambêbênêri marang sakèhe kawulaningsun ingkang padha aparapadu, kajaba kang munggah ing khukum, lan kang awit têka ing wisesa, lan ingkang kêjaba awit salakirabi iki rupane: begal, maling, bradhat, bêdhog colong, cêlêr jupuk, utang -apipotang, aku-ingaku, gadhe-ginadhe, titip-tinitipan, sêlang sinêlang, ngobong omah, ingkang padha alaku maling sapêpadhane, ingkang padha alaku cidra. Lan sarupane kawulaningsun gêdhe cilik bawahing Surakarta Adiningrat kabèh, wong sajroning nagara ingkang padha utang-apipotang, gadhe-ginadhe, silih-sinilihake, titip-tinitipan padha nganggoa cêcêkêlan layang, yèn bocah ingsun kang lumaku ing gawe, mantri sapandhuwur padha nganggoa layang sarta pratôndha cap, dene bocah ingsun sangisoring mantri sapangisor pisan, layange iya nganggoa tôndhatangane dhewe-dhewe lan tôndhatangane [tôndha...]

--- 1 : 423 ---

[...tangane]

sêksine wong loro, samangsane ora nganggo cêcêkêlan layang, kongsi prakara anggugat marang pradata§ kongsi ana prakara kagugatake marang pradata. tanpa dadia pêpadone, dene kawulaningsun ingkang padha alaku dagangan, adol tinuku ana ing pasar, iku yèn dagangane dituku, awarana diutang marang kancane padha bêbakul atawa ing liyane, iku padha asêksia marang ing tôndha kang nguwasani ing pasar kono, atawa asêksia marang padha bêbakul, yèn sêpi salah sawijine kongsi dadi prakara, iya ora dadi pêpadone, nanging ingsun wêwalêri wong apadu iku apadene wêwalêr ingsun, manawa ana kawulaningsun aparapadu, alêlawanan wong Kasultanan, iku ingsun anggêri kala rama sapatêmon lawan eyang sultan ana ing Jatisari, iku saprene dadia pêpadone, dene sadurunge Pajatisari ora dadi pêpadone. Kaya mangkono manèh lamun ana wong apadu, alêlawanan lan wong Kamangkunagaran, iya ingsun anggêri kala rama têdhak marang Salatiga karo uwa Dipati Mangkunagara, iku saprene dadia pêpadone, yèn sadurunge PasalatigaPasalatigan. ora dadi pêpadone.

Bab I t/m 42

Sinêrat ing nagari Surakarta Adiningrat, ing dintên Ngahad tanggal kaping 3 sasi Bêsar ing taun Wawu angkaning warsa 1745 utawi kaping 4 Oktobêr 1810.

Gezien door den ... Getraslateert

Resident ... door mij

[Tanda tangan] ... C.F. Winter

--- 1 : 424 ---

S.d. N

Côndranagara

Sêrat sarta ingkang salam Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat opisiring ordhê oranyê nasao, sri nugraha pangkat 1 opisiring krun ordhê ing Siyêm, pêpatih karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, dhumatêng ingkang putra Radèn Adipati Panji Côndranagara, bupati ing Sidoarjo.

Kawiyos sêrate§ met Panambang N. anak§ niet putra kula. adipati katitimangsan kaping 1 Sawal Ehe 1828.Minggu Wage 12 Februari 1899 A.D. Sampun kula tampèni sarta kula uningani§ niet kula sumêrêpi. sasurasane, sangêt ing panarima§ niet panuwun kula. kula sarta garwa§ niet ibu ijêngandika. kula, pamuji kula mugi sami lêstaria§ met arutaswara N. kang kêna. sami karaharjan ing sakulagotra sapanginggile.

Wusana salam kula dhatêng Radèn Ayu, salame garwa kula dhatêng anak adipati sarimbit§ niet sakalihan. sapungkuring sêrat para ahli ing Surakarta sami raharja.

Surakarta kaping 12 Sawal Ehe 1828.

Sasradiningrat

--- 1 : 425 ---

Contract

Punika sêrat prajanjian amaosi sarta amaosakên siti dhusun kangge têtanèn, ing karaton Surakarta sarta ing Ngayogyakarta, ingkang kadamêl awit saking sêrat kêkancinganipun Kangjêng Guprênêmèn, katitimangsan kaping 27 Juli 1871 ôngka 8 dening tuwan a. akalihan Radèn Ngabèi b.

Bab 1

enz. enz.

Sahing prajanji kaping ...

Pangliyêr

Punika sêrat kula palilah angliyêr utawi angliyêrakên pamaosing siti dhusun kangge têtanèn wontên bawah Surakarta.

Kula ingkang sami mratandhani ing ngandhap punika:

Mas Ngabèi a. enz

Tuwan b. (ingkang ngliyêrakên)

Tuwan c. (ingkang ngliyêr)

Pangonjot

Punika sêrat kula prajanjian bab pangonjoting pamaosipun siti dhusun kangge têtanèn wontên bawah Surakarta.

Kula ingkang sami mratandhani ing ngandhap punika:

Mas Rôngga a. enz

Tuwan b. enz

Sahing prajanji

--- 1 : 426 ---

Bêkti.

Punika sêrat kula pratôndha pêthuk, mas dêmang a. kacêpênga ingkang saudara tuwan b.

Mila nyêpêng sêrat kula pratôndha pêthuk, dene têmên kula sampun nampèni arta kathahipun 1000 sèwu rupiyah salaka, sumêrêp bêbêktèning pamaosipun siti dhusun ing Ngunut: 1 1/2 jung ing dalêm 20 taun.

Katampèn kaping ...

Paos.

Kula mas lurah a. ngakên sampun nampèni arta saking tuwan b. of saking kabudidayan Ngêndho kathahipun 60 sawidak rupiyah salaka, sumêrêp paosipun gadhuhan kula lênggah siti dhusun ing Waru 1/2 jung sampun kalêbêt arta bon kuli, pasokanipun ing bakda Garêbêg Siyam taun Ehe ôngka 1836.

Katampèn kaping ...

--- 1 : 427 ---

Danuningrat.

Pèngêt, nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhakên marang Si Tumênggung Cakrajaya.

Marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun, dene ingsun kula wisudha ingsun junjung lêlungguhe têka ing ngisor, ingsun sêngkakakên ing ngaluhur, ingsun gawe pêpatih ingsun, ingsun jênêngakên Radèn Adipati Danuningrat, sarta ingsun pathêdhani lêlungguh kagungan ingsun desa cacah sawah gawening wong rong èwu, iki arane desa sawiji-wijine.

Ing Parêmbun 200 karya. Ing Têngahan Tidhar Magêlang 150 karya. enz Gunggung 2000 karya.

Iku dèn sôngga ing sagawe-gawening pêpatih, aja owah kaya kang wis kalakon, lan ingsun kawênangakên Si Adipati Danuningrat, iku yèn anganggoa apa ing saanggon-anggone pêpatih ingsun.

Pacuh-pacuhan Adipati Danuningrat, sira ingsun gawe pêpatih ingsun, iku dèn kêsôngga pagaweanira pêpatih, aja owah kaya kang wus kalakon kang dhingin-dhingin. Lan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokêna ing saunine nawalaningsun, [nawalaning...]

--- 1 : 428 ---

[...sun,] kang ingsun gadhuhakên marang Si Adipati Danuningrat, taha yèn angèstokna, atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa ing sakèhe para nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing panjênênganingsun, titi.

Kala dhawuh pangandika dalêm, Kêmis kaping 29 Sapar Alip ôngka 1731.

--- 1 : 429 ---

S.d. N. IV

D.R.

Danurêja

Pèngêt, ingkang sêrat saha ingkang salam taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat, atur ingkang rayi Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula sampun nampèni sêrat saking adhimas kangjêng radèn adipati, ingkang katitimangsan ing dintên Jumungah Lêgi tanggal sapisan wulan Rêjêp ing taun Alip 1827, ingkang mungêl ing sêrat: mênawi sami dipun ganjar wilujêng ingkang sarta angsal supangatipun Gusti Kangjêng Nabi Sam, putranipun adhimas kêkalih sami badhe dipun paringi momongan putri dalêm, panjênêngan dalêm ratu kula Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta Adiningrat: 1. Radèn Tumênggung Danu Adiningrat dipun paringi momongan putra dalêm Bêndara Radèn Ajêng Murtinah, 2. Radèn Tumênggung Purbanagara, dipun paringi momongan putra dalêm Bêndara Radèn Ajêng Murtijah. Wondening anggènipun maringakên ijab lajêng dhaupipun: benjing ing dintên Jumungah Kaliwon tanggal kaping 15 wulan Rêjêp taun Alip punika.

Ingkang punika adhimas kangjêng radèn adipati, inggih sakalangkung ing panêdha kula, saha pamuji kula mugi sami kêlampahan kalayan lêstari wilujêng sapanginggilipun.

Sinêrat ing dintên Rêbo tanggal kaping 13 wulan Rêjêp ing taun Alip 1827.

Ngalamat sêrat, katur ingkang rayi Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

--- 1 : 430 ---

P.B. IV

Tapsiranom

Pèngêt, layang ingsun palkat parentah pangawasa Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhakên marang sira kakang pangulu tapsiranom adiningrat.

Marmane ingsun gadhuhi layang ingsun palkat parentah pangawasa, dene ingsun pasrahi kagungan ingsun khukummullah. Ingsun andikakakên angukum-ngukumiangukum-ukumi. ing wong kang padha aparapadu, kang dèn unggahakên marang Si Dêmang Urawan, sabarang ing wong aparapadon, sarta ingsun andikakakên aparentah ing sakèhe kawulaningsun wong pamutihan pakauman kabèh, sarupane kêtib modin lan sakèhe para ngulama pradikan kabèh, lan sakèhe para kaum-kaum sajroning nagara kabèh, atawa kaum-kaum ing desa-desa kang kalêbu bawah ingsun ing Surakarta Adiningrat. Anadene kang padha aparapadu kang ingsun kawênangakên dumarojog marang ing sira, kakang pangulu tapsiranom adiningrat, yèn ana pakewuhe Si Dêmang Urawan, amung pêpadon, iki rupane kaya ta: waris, wasiyat, talak, nipkah, ing salakirabi, ewa mangkono yèn dumarojog ora kalawan pakewuhe Si Dêmang Urawan, ingsun kawênangakên Si Dêmang Urawan, andhêndhaa marang

--- 1 : 431 ---

wong kang kaya mangkono iku, poma-poma kakang pangulu tapsiranom adiningrat, ênggonira angukum-ukumi, aja wani ing uwong, lan aja wêdi ing uwong, êndi lire ora wani ing uwong, lan ora wêdi ing uwong, sanajan cilik yèn bênêr, iya bênêrêna, sanajan gêdhe yèn luput, iya luputêna, lan aja sêsanakên, sira ukumana dikalawan bênêr ing ukummollah, dene yèn ana kang maido ing kukumira, iku kakang pangulu tapsiranom adiningrat, katura ing panjênênganingsun.

Pacuhan-pacuhan sakèhe kawulaningsun kabèh, iku padha angèstokêna ing saunine layang ingsun palkat parentah pangawasa kang ingsun gadhuhakên marang si kakang pangulu tapsiranom adiningrat, taha yèn tan angèstokêna, atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa marang ing pêpatih ingsun, Si Adipati Danuningrat, lan sakèhe para nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing sampeyaningsun.

Lan maninge parentah ingsun, marang ing sira kakang Pangulu tapsir anom adiningrat, sarupane kancanira kêtib modin lan para ngulama

--- 1 : 432 ---

pradikan lan kaum-kaum kabèh, padha sira wêruhêna ing panggaweane dhewe-dhewe, apa sapanganggone, apa satindak lakune, kang pantês lan arane.orane. Anadene pagaweane kancanira kêtib modin lan para ngulama, sajabane ênggone andêdonga lan kutbah, iku padha ingsun andikakakên milu mikul ing kagungan ingsun kukummollah, kang ingsun pasrahakên marang sira. Iku poma-poma sarupane kawulaningsun kêtib modin lan para ngulama, padha sira ditumêmên lan padha dèn suhun,§ suhut. dene kumpul aja ana pating jarêbul, ênggonira padha milu mikul kukummollah, kang wus nujul kang ingsun pasrahakên marang sira kakang pangulu tapsiranom adiningrat, lan padha sira diapêngkuh, diakukuh, kang abakuh, aja wigih marang ing pakewuh, ênggonira padha nyungkêmi ing ngèlmune Allah, kang wus dhumawuh, lan padha dèn asaguh, lan dèn rumêngkuh, dèn angrasa kêtêmpuh, lan dèn padha milu labuh, aja ana wong tumambuh, lan aja api-api ora wêruh, yèn si kakang pangulu tapsiranom adiningrat nêmu pakewuh. Lan padha dèn ajimak, lan dèn padha arampak, aja ana wong ambalasak, sabarang tindak, lakunira padhaa kang panindak, ing sabênêre khukum sarak. Lan padha dèn niyat ngalap munphangat, lan amrih munphangat, lan aja ana wong pating palêsat, ênggonira mikir ngèlmu sarengat, [sa...]

--- 1 : 433 ---

[...rengat,]

dèn amrih munphangat ingsun ing dunya rawuh ing akerat, lan dèn padhaa rata, aja ana wong pêpeka, lan aja ana wong sêmbrana atawa ngucira ênggonira amrih jêjêging agama, lan olèhira andonga kaslamêtaning raja, lan raharjaning nagara. Lan dèn abêcik, aja ana wong kang ambêkicik, ênggonira padha angulati ing tindak kang arêsik, iku poma-poma sarupane kawulaningsun, kêtib modin para ngulama, têka kongsi kasisipan ênggonira angêtrapakên kukummollah, si kakang pangulu tapsiranom adiningrat, sabab dene olèhira padha apêpeka, atawa angucira, amêsthi kabèh padha ingsun bilaèni kang luwih abangêt. Anadene pagaweane kancanira pradikan, iku apa adate lêlurine pagaweane wong atuwa -tuwane kang dhingin-dhingin, iya sira lulusêna, yèn ingkang dhingin-dhingin iku ahli sêmèdi, utawa ahli ngurang-urangi,ngurang-ngurangi. apadene ahli nênêpi, ana kang ahli ngabêkti, ana kang ahli mulang santri, iku padha anglulusêna, ing sapagaweane kang wus adat lakune ing wong atuwa-tuwane. Anadene pagaweane kancanira modin, sajabane olèhe adan, iku padha atêtêpêna ênggone-ênggoneênggone. [ênggone-...]

--- 1 : 434 ---

[...ênggone]

padha rumêksa ing kagungan ingsun môngsa, kaya kang wus kalakon ing adat jaman kuna, aja ana pêpeka ênggone padha anjagani ing têtêngêring agama. Anadene pagaweane kancanira kaum-kaum kabèh, ora ana kang ingsun arani, sarupane wong kang ahli nênikahakên iku padha sira parentahana ngupayaa ing sangèlmune, ênggone padha olèhe nikahakên, iku padha sira pidiha wêruh ing sabatale lan sarate, sumawana rukune ênggone padha nikahakên, ing sapagaweane yen ana kang pêpeka kongsi tumiba ing batal, atawa pasèk, olèhe padha nikahakên, age nuli patrapêna kaya kang wus sira dhawuhakên, lan maninge parentah ingsun marang ing sira kakang pangulu tapsiranom adiningrat, yèn ana kancanira kang ora piturut ing pituturira, atawa nrajang ing wêwalêrira, ingsun kawênangakên sira natrapanamatrapana. ing sapantêse lan dosane. Dene yèn ana kang ora narima sira patrapi, sira munjuka ing panjênênganingsun. Lan maninge momonganira ora ingsun arani, yèn ana kang arêp seba ing panjênêngan ingsun, atawa bêkti kêmit ingkang mirungga, sajabane pagaweane kang wis bumi padha awèha [a...]

--- 1 : 435 ---

[...wèha]

wêruh marang sira, sira kang angirida. Dene yèn ana momonganira kang arêp seba atawa bêkti kêmit mirungga ora awèh wêruh marang ing sira, sira patrapana dhêndha, kajaba yèn ana karsaningsun animbali marang momonganira, ora ingsun arani, ingsun kang mundhut marang ing sira. Lan maninge parentah ingsun marang ing sira kabèh, kang kawêngku marang si kakang pangulu tapsiranom adiningrat, padha amituruta apa saparentahe si kakang pangulu tapsiranom adiningrat, kang bênêr lan kang têrus ing agama, yèn ana kang ora miturut amêsthi ingsun bilaèni. Lan maninge parentah ingsun marang ing sira kabèh, iku padha sira rukunana ing sakancanira kabèh, aja padha mandhêg mênêng angrasani êndi kang luput, ingkang lali padha kaelingêna, lan padha takon-tinakona. Ingkang bodho padha ngajia: dinêmên. Pacuhan-pacuhan sarupane kawulaningsun kabèh padha sira angèstokêna apa saunine layang ingsun palkat parentah pangawasa kang ingsun dhawuhakên marang si kakang pangulu tapsiranom adiningrat, taha yèn tan angèstokêna atanapi yèn amaidoa, amêsthi ingsun plaksana ingkang luwih abangêt, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat.

--- 1 : 436 ---

Kala dhawuh pangandika dalêm ing dintên Sênèn ping 18 wulan Jumadilawal taun Jimawal ôngka 1733.

--- 1 : 437 ---

S. d. N. IV

Regent Policie Sragen

Sri Nugraha

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, pêpatih ing karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, têrang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, amaringi ganjaran salin payung marang Radèn Tumênggung Wiryadipraja, abdi dalêm bupati pulisi ing Sragèn, amarga wus nguningani bêciking lêlabuhane sarta tumêmêne marang kuwajibane, apadene lawase ênggone dadi abdi dalêm, dene payung mau:

Ing dhuwur cèt ijo ambane: 8 bagian, sèrèt prada ambane: 1 bagian, ing têngah cèt kuning ambane: 8 1/2 bagian, sèrèt prada ambane: 1 1/2 bagian, ing ngisor cèt ijo ambane: 8 bagian, sèrèt prada ambane: 3 bagian, dadi ukuran dawaning usuk, gunggung 30 bagian.

Ing jêro cèt ijo, pinggire kasungging ing kêmbangan, sacêdhaking kêmanggan kasungging ing êndhas kandhêla, dhandhane kaêcèt ijo kasungging ing êlung pakis cèt kuning sarta abang, bongkote kalilan nganggo sopal papat tanpa tunjung, Kêkancingan iki kaparingake marang Radèn Tumênggung Wiryadipraja minôngka pikukuhe. Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 10 sasi Mulud taun Jimawal ôngka 1828. Utawa kaping 19 Juli 1899.

--- 1 : 438 ---

PB X

Dhawuhing pangandika dalêm

Srasradiningrat kang dhingin salam ingsun, dhawuha marang sira Adipati Sasradiningrat.

Kapindhone ingsun paring wêruh besuk sasi Bêsar taun Je iki ingsun kagungan karsa bakal angrabèkake putraningsun têtêlu sadulur ingsun siji.

1: ... enz

Dhawuhing pangandika dalêm ing dintêna ...

--- 1 : 439 ---

PB IX

Pringgalaya

Rama Pangeran Arya Pringgalaya, kang kasêbut ngandhap puniki, kula sampun anglilani pambayare nicil mêdala saking rama, yèn botên nêtêpi kula lilani prakawise kainggahna ing karampungan, sêrat 2 iji kula paringake wangsul.

Kêmis ping 18 Mulud Jimakir ôngka 1822.

Zie S. D. 1832 blz. 221.

--- 1 : 440 ---

S.N.

Purbanagara

Pèngêt, ingkang sêrat parentah, Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, dhumatêng ijêngandika Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara.

Liring parentah, kula mundhut palapuran ijêngandika kawontênanipun titihan dalêm ingkang gumadhuh wontên ijêngandika ingkang ragi kapering, badhe kula suwun, kula paringakên dhatêng Pangeran Cakraningrat ing Madura.

Dhawuhing parentah ...

--- 1 : 441 ---

Pikukuh ôngka:

Awit saka dhawuhing timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan amarêngi ing dina ...

Pikukuh

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, sri nugraha pangkat 1, upisiring krun, ordhê ing Siyêm, pêpatih karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, anamtokake marang ... dadi abdi dalêm panèwu panumping, kêna manganggo ...

Anêtêpana sabarang wajibe ...

Angèstokna pranatan, undhang-undhang lan anggêr-anggêring nagara.

Kaparingan gêgadhuhan bumi desa ...

Layang iki dadi ampilane ...

Tinulisa

--- 1 : 442 ---

Pitrah

Bupati gêdhong kiwa of têngên andhawuhakên dhatêng katib wontên Srimanganti, têmbungipun:

Katib Sumêmi, radèn pangulu kapatêdhan pitrah dalêm, ingkang pitrah Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana (mangandhap miturut cathêtanipun Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah).

--- 1 : 443 ---

S. N.

Jayadiningrat

Pèngêt, layang manira parentah Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, dhawuha marang pakênira Radèn Mas Arya Jayadiningrat bupati kaparak kiwa, liring parentah ...

Dhawuh kaping ...

--- 1 : 444 ---

P.d.N.

S.d.N.

Dj.d.N.

Jayadiningrat

Ôngka 42

Radèn Mas Arya Jayadiningrat manira maringakên asarêng puniki sêrat pikêkah ampilane patra cundaka, jajar: manira pacak dadi bêkêl, sami anggandhèk kiwa, anake duta sudarma dadi abdi dalêm prajurit trunakêmbang, nama mulana, manira pacak dadi abdi dalêm jajar anggandhèk kiwa, nama patracundaka, lajêng ijêngandika dhawuhna sapêrlune, kadi adat, dene mulana ugi manira paringakên sarêng puniki.

Dhawuhing parentah ping 22 Jumadilawal Alip ôngka 1819 Purwadiningrat.

--- 1 : 445 ---

Maesa Lawung

Bupati gêdhong kiwa of têngên, andhawuhakên timbalan dalêm wontên ing Sitinggil, wilujêngan rajawedha maesa lawung, têmbungipun:

Radèn Adipati, pakênira kapatêdhan hajat dalêm maesa lawung, kadhawuhan andongakakên wilujênging nagari dalêm saisinipun, yèn sampun kadonganan wilujêngipun nagari dalêm, nuntên kabagia ingkang warata.

--- 1 : 446 ---

Bagongan

Jogja = basa kadhaton Solo

Wêling unjuk

Manira pun Ngabèi Dhadhaptulis, abdi dalêm panèwu ... rèh Kadanurjan, wêling unjuk ing pakênira Kyai Lurah Radèn Tumênggung Suradiningrat, abdi dalêm bupati pêpatih ing Kadanurêjan.

Wondene kang manira wêlingake unjuk, mênawi kaparêng ing karsa dalêm, sahandhap sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, gêgadhuhan manira lênggah sabin siti dhusun ing Jênar karya 1 jung 3 bau, taksih malihan gê (= kê) jawèn, bawah kadhistrikan ing Krètèg, Ngabèi Jayapangarsa, Kabupatèn Bantul, Radèn Tumênggung Mangunyuda badhe manira lambangake kalihan lênggah sabin gêgadhuhanipun Ngabèi Dhadhapbong abdi dalêm mantri ... rèh kadanurêjan ing dhusun Sawit karya 1 jung 3 bau, sampun dados siti paosan pabrik ing Tanjungtirta, Tuwan Sêkèng, ing dalêm sataune kasanggi paos 100 ringgit, bawah kadhistrikan Gudhean, Ngabèi Natadirja, Kabupatèn Suleman,Sleman. Radèn Tumênggung Mangunjaya, manira angsal tambah 1000 ringgit, manawi sampun kaparêng manira ênggèh suka, Ngabèi Dhadhapbong sampun purun tampi.

Ingkang punika lajêng kature Bandara Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, manira sumôngga ing pakênira.

Mênggah lajêng konjuk wontên karsa dalêm sahandhap sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, manira

--- 1 : 447 ---

sumôngga Bandara Kangjêng Radèn Adipati Danurêja.

Sinêrat ing dintên Kêmis tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir ing wulan Jimawal 1837.

Manira pun Ngabèi

Dhadhaptulis

(Tèkên kasêrat ingkang trang, botên kenging mawi trèk)

zie R. D. 1907 no. 37

--- 1 : 448 ---

Mangabêkti

Bupati gêdhong kiwa of têngên ngirit sowanipun wadana kaliwon ingkang têtêp enggal, utawi bupati pasisir nyuwun ngabêkti ing sampeyan dalêm, têmbungipun:

Kawula nuwun, jrih kawula kaabdèkakên, abdi dalêm kawula dipun wêlingi ngunjuk abdi dalêm Radèn Adipati Sasradiningrat, abdi dalêm Radèn Adipati Côndranagara, bupati ing Madiun, dipun suwunakên ngabêkti ing sampeyan dalêm.

--- 1 : 449 ---

1. Sêrat dalêm marang Kapatihan. 2. Sêrat dalêm marang Pringgalayan. 3. Konjuk. 4. Pambayun. 5. Bandara. 6. Timur. 7. Resident. 8. Mangkunagara. 8/a Mangkunagara. 8/b Mangkunagara. 9. Suryaasmara. 10. Purbanagara. 11. Prabuningrat. 12. Ngabèi. 13. Kusumayuda. 14. Dipakusuma. 15. Suryaatmaja. 16. Purwadiningrat. 17. Jayaningrat. 18. Padmanagara. 19. Danurêja. 20. Sasranagara. 21. Mangkubumi. 22. Pugêr. 23. Côndranagara. 24. Jayadirana. 25. Pèsênce.

--- 1 : 450 ---

Wrêdhakrama IX

Dhawuhing pangandika dalêm

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Adipati Sasradiningrat.

Kapindhone, ingsun paring wêruh, besuk sasi Bêsar taun Je iki ingsun angramakake anak ingsun têtêlu, sadulur ingsun siji.

1. Radèn Ajêng Kusniyah, ingsun dhaupake karo Si Panji Arya Atmaja, anake kakang mas Pangeran Arya Mataram, kang patutan saka Radèn Ayu Arya Mataram.

2. Kakang mas Pangeran Arya Purbadiningrat, ingsun dhaupake karo Radèn Ajêng Sumasli,Sumasti. têtinggalane anak Pangeran Arya Adiwijaya.

3. Radèn Ajêng Ôntawati, ingsun dhaupake karo Si Ngabèi Atmasaputra, anake Si Arya Purwadiningrat, kang patutan saka bok ayu Radèn Ayu Purwadiningrat.

4. Pangeran Ngabèi, ingsun dhaupake karo Radèn Ajêng Maryati anakira.

Kang iku adipati, ingsun mundhut pamrayoganira, dina tanggal sangate kang bêcik sajrone sasi Bêsar mau. Paningkahe ana ing karaton, têmune ana kapatihan, kaya adat anak ingsun kang pambarêp, sarta sira amirantia samaptane lan dhawuhna marang Si Arya Purwadiningrat karo bok ayu Radèn Ayu Purwadiningrat.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Sênèn kaping 10 wulan Ruwah ing taun Je, angkaning warsa 1830.

--- 1 : 451 ---

Voorb: art 2 letl a no. 6

Asma dalêm PB IX

Dhawuhing pangandika dalêm

Krama I

Wrêdhakrama

Kula, rama

voorb en achter

voegser N.

44

Rama Pangeran Arya Pringgalaya, kang kasêbut ngandhap puniki§ met kd = basa kadhaton. kula sampun anglilani pambayare§ met panambang N = ngoko. nicil mêdala saking rama, yèn botên nêtêpi kula lilani prakawise kainggahna ing karampungan. Sêrat 2 iji kula paringake wangsul.

Kêmis ping 18 Mulud Jimakir ôngka 1802.

Zie S. D. 1832 blz. 221.

Amurih têrange basa wrêdhakrama kawujudake sawatara kaya ing ngisor iki: [i...]

--- 1 : 452 ---

[...ki:]

Dhawuhing pangandika dalêm

Adipati Sasradiningrat, aturira ing ngisor iki, ingsun wis amarêngake. Sarta gawea rèngrèng pranatan kaya kang wis kalakon, anak ingsun pambarêp.

Kêmis ping 5 Siyam Je ôngka 1830.

Kawula nuwun, atur sêmbah kawula abdi dalêm pun Adipati Sasradiningrat, konjuk sahandhap ing sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Abdi dalêm kawula nuwun sampun anampèni dhawuhing timbalan dalêm, amarêngi ing dintên Sênèn tanggal kaping 10 wulan Ruwah ing taun Je, angkanipun ing warsa 1830, matêdhani uninga, benjing wulan Bêsar ing taun Je punika sampeyan dalêm karsa badhe angramakakên putra dalêm tiga, sadhèrèk dalêm satunggal.

Satunggal, Bandara Radèn Ajêng Kusniyah kadhaupakên akalihan abdi dalêm pun Panji Arya Atmaja, putranipun raka dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram, ingkang patutan saking Radèn Ayu Arya Mataram.

Kalih, raka jêngandika Bandara Pangeran Arya Purbadiningrat, kadhaupakên akalihan Radèn Ajêng Sumasti, têtilaranipun anak abdi dalêm Pangeran Arya Adiwijaya.

Tiga, Bandara Radèn Ajêng Ôntawati, kadhaupakên akalihan abdi dalêm pun Ngabèi Atmasaputra, anakipun abdi dalêm pun Arya Purwadiningrat, ingkang patutan saking bok ayu jêngandika Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat.

Sakawan, Bandara Pangeran Angabèi, kadhaupakên akalihan anak kawula pun Maryati. Sampeyan dalêm mundhut pamrayogi kawula dintên tanggal sangatipun ingkang sae salêbêtipun wulan Bêsar wau, ijab paningkahipun wontên kadhaton, panggihipun wontên kapatihan, kados adat putra dalêm ingkang pambajêng, abdi dalêm kawula ingandikakakên amirantos samaptanipun, saha ingandikakakên andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm pun Arya Purwadiningrat akalihan bok ayu jêngandika Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat, unjuk kawula nuwun sandika, saha sampun lajêng kawula dhawuhakên.

Mênggah saking pamanah kawula anjawi kaparêngipun ing sampeyan dalêm, dintên tanggal [tang...]

--- 1 : 453 ---

[...gal] sangat ingkang sae salêbêtipun wulan Bêsar wau ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 20 wuku Tambir, dewa Uma, paningron dangu sumur sinaba, Dêmang Kandhuruwan, sangatipun wiwit wanci jam 10 enjing langkung 48 mênut dumugi jam 12 siyang langkung 19 mênut, Jabarail wilujêng.

Mênggah punika abdi dalêm kawula anyumanggakakên saha nyuwun dhawuhing timbalan dalêm.

Konjuk ing dintên Sêtu tanggal kaping 29 wulan Ruwah ing taun Je, angkanipun ing warsa 1830.

Kula nuwun gusti, kula angaturi uninga ing panjênêngan dalêm, ingkang manawi botên wontên pambênganipun, benjing ing dintên Rêbo ing tanggal kaping 11 wulan Sura ing taun Dal ôngka 1831 kula badhe anêtakakên anak kula pun Saparas, saha sontênipun malêm Kêmis, para pangantèn sami kula suwun, kula undhuh dhumatêng kapatihan, mawi lêlangên tedhansah.

Mênggah punika botên langkung kula amung nyuwun pangèstu dalêm wilujêng sadayanipun.

Katur ing dintên Rêbo tanggal kaping 6 wulan Bêsar ing taun Je ôngka 1830.

Ngalamat tumrap ing kanthong

Sêrat mugi katur ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Radèn Pambayun.

--- 1 : 454 ---

Sêrat saha sêmbah kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur ing panjênêngan dalêm uwa Kangjêng Ratu Bandara.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, asarêng punika patêdhakipun sêrat undhang-undhang, angawisi tumbas ulamipun kewan saking sadhengah tiyang.

Ingkang punika waradinipun dhumatêng abdi dalêm pradikan sasaminipun ingkang madana ing panjênêngan dalêm, kula anyumanggakakên.

Kasêrat tanggal kaping 16 Rabingulakir Jimawal 1821.

--- 1 : 455 ---

Sêrat saha sêmbah kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katura ing panjênêngan dalêm Kangjêng Ratu Timur.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni sêrat ingkang katitimasan kaping 29 Sawal Dal punika, kula angaturi uninga sapunika ingkang dados pranatanipun nagari, sawarninipun pemahan sami katamtokakên nyanggi lêladosan dhudhuk lumpuring nagari angladosakên waragad panggarapipun margi agêng, waragad angwontênakên tiyang patrol, saha waragad angwontênakên dilah ting ingkang kapasang ing margi agêng, botên wontên pemahan ingkang kalêpatakên sêsanggèn dhudhuk lumpuring nagari, sanajan pemahan ingkang kala rumiyin botên gadhah sêsanggèn, sapunika ugi katamtokakên angladosakên dhudhuk lumpuring nagari wau, dados sawarninipun pemahan sajawinipun capuri ing timuran wau ugi kêdah angladosakên dhudhuk lumpur kathahipun kados ingkang sampun katamtokakên ing nagari, kawrat ing sêrat pikêkahipun kapala kampung, wondene manawi lêladosan dhudhuk lumpur wau badhe dipun wontênakên dening ingkang anguwasani pemahan wau, nagari botên kagungan pakèwêd amarêngakên.

Anjawi punika kula anampèni sêrat paturanipun Radèn Tumênggung Kartanagara abdi dalêm bupati pulisi nagari, anglapurakên pemahan [pe...]

--- 1 : 456 ---

[...mahan] ing kampung Mênangan, lêladosanipun dhudhuk lumpur ingkang sampun katamtokakên ing dalêm sawulan gunggungipun 3 tigang rupiyah, karsanipun panjênêngan dalêm, lêladosan dhudhuk lumpur wau ing dalêm sawulan amung 2 rupiyah, mênggah ingkang makatên punika nagari botên sagêd amarêngakên, amargi badhe angewahakên petang saha pranatan ingkang sampun sami kadhawuhakên.

Sadaya wau mugi andadosakên kauningan, saha kalampahanipun sami angladosakên anêtêpi dhawuhipun nagari, kula anyumanggakakên.

Kasêrat tanggal kaping 21 Dulkangidah Dal 1823.

Surakarta 29 Dhesèmbêr 1900

Asma

No. 128

Kula ngaturi uninga ing Kangjêng Tuwan Residhèn, kula nampèni dhawuhing timbalan dalêm putra ijêngandika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, amarêngi ing dintên Kêmis tanggal kaping 5 wulan Siyam ing taun Je angkanipun ing warsa 1830.

Amatêdhani uninga, benjing ing dintên Rêbo tanggal kaping 20 wulan Bêsar taun Je 1830 utawi kaping 10 April 1901, karsa dalêm angramakakên putra dalêm tiga, sadhèrèk dalêm satunggal.

1. Bandara Radèn Ajêng Kusniyah kadhaupakên akalihan Radèn Mas Panji Aryaatmaja, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram, ingkang patutan saking Radèn Ayu Arya Mataram.

2. Sadhèrèk dalêm Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, kadhaupakên akalihan Radèn Ajêng Sumasti, anak têtilaranipun Pangeran Arya Adiwijaya.

3. Bandara Radèn Ajêng Ôntawati, kadhaupakên akalihan Ngabèi Atmasaputra anakipun Radèn Mas Arya Purwadiningrat ingkang [ing...]

--- 1 : 457 ---

[...kang] patutan saking abdi Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat.

4. Kangjêng Pangeran Angabèi, kadhaupakên akalihan anak kula Radèn Ajêng Maryati. Ijab paningkahipun wontên ing kadhaton, panggihipun wontên ing kapatihan, kados adat putra dalêm ingkang pambajêng.

Mênggah punika mugi andadosakên kauningan ing kangjêng tuwan residhèn.

Katur Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta.

Soerakarta ari: 29. December 1900

Saja kasieh bertaoe pada Kangdjeng Toean Resident, saja trima prentahnja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan pada ari Kemis tanggal 5 boelan Poeasa taoen Dje 1830.

Membritaoe besoek ari Rebo tanggal 20 boelan Besar taoen Dje 1830 atawa ari 10 April 1901, hendak mengawinken Srie Padoeka ampoenja anak tiga, Srie Padoeka ampoennja soedara satoe.

1. Bandoro Raden Adjeng Koesnijah di kawinken dengen Raden Mas Pandji Harjoatmodjo, anaknja Kangdjeng Goesti Pangeran Harjo Mataram jang dari Raden Ajoe Harjo Mataram.

2. Srie Padoeka ampoenja soedara Kangdjeng Pangeran Ario Poerbodiniengrat di kawinken dengen Raden Adjeng Soemasti, anak tinggallannja Pangeran Ario Hadiwidjojo.

3. Bandoro Raden Adjeng Hontowati di kawinken dengen Ngabehi Atmosapoetro anaknja Raden Mas Ario Poerwodiniengrat jang dari Bandoro Raden Ajoe Poerwodiniengrat.

4. Kangdjeng Pangeran Hangabehi di kawinken dengen saja poenja anak Raden Adjeng Marjati ningkahnja ada di Kapatian, saperti biasa anaknja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan jang paling toewa. Dari pada itoe soepaja mendjadiken Kangdjeng Toean Resident ampoenja taoe.

Teratoer

Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Sêrat saha pangabêkti kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, katur kangmas Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, kolonèl komandhaning kang lesiyun ing Mangkunagaran.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, manawi botên wontên pambênganipun benjing ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 11 wulan Sura punika kula badhe anêtakakên anak kula Radèn Mas Saparas, sontênipun putra saha sadhèrèk dalêm pangantèn sakawan sami kula suwun kula undhuh dhumatêng ing kapatihan mawi lêlangên tedhansah.

Ingkang punika manawi kangmas amarêngakên, kula aturi rawuh anguningani risipun ing wanci jam pitu enjing, saha sontênipun ing wanci jam sanga, kula aturi rawuh malih sakalihan ingkang garwa, anguningani lêlangên tedhansah.

Badhe andadosakên bingahipun ing manah kula, bilih mawi kadhèrèkakên para sadhèrèk sakaparêngipun ing panggalih, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 6 Sura Dal 1831.

Sasradiningrat

--- 1 : 458 ---

Sêrat saha pangabêkti kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, katur kangmas Kangjêng Radèn Adipati Arya Mangkunagara, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, kolonèl komandhaning kang lesiyun ing Mangkunagaran.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula anampèni dhawuhing timbalan dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, benjing ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 20 wulan Bêsar punika, karsa dalêm angramakakên putra dalêm tiga, sadhèrèk dalêm satunggal.

1. Bandara Radèn Ajêng Kusniyah, katarimakakên Pangeran Arya Surya Mataram, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, kadhaupakên akalihan Radèn Ajêng Sumasti, têtilaranipun anak raka jêngandika kangmas Pangeran Arya Adiwijaya. 3. Bandara Radèn Ajêng Ôntawati katarimakakên Radèn Mas Arya Prawirabrata, anakipun Radèn Mas Arya Purwadiningrat. 4. Kangjêng Pangeran Angabèi kadhaupakên akalihan anak kula nama Radèn Ajêng Maryati. Ijab paningkahipun wontên ing kadhaton dhaup wontên ing kapatihan kados adat.

Ingkang punika manawi kangmas amarêngakên, benjing ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 20 wulan Bêsar Wawu wanci jam 7 sontên, kula aturi rawuh sakalihan ingkang garwa, anguningani dhauping pangantèn, saha mugi amarêngakên lajêng nguningani dhansah.

Badhe andadosakên bingahipun ing manah kula bilih mawi kadhèrèkakên para sadhèrèk sakaparêngipun ing panggalih, ingkang gadhah garwa sami sagarwanipun, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 15 Bêsar Je 1830.

--- 1 : 459 ---

Sêrat saha pangabêkti kula, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun ordhê ing Siyêm, katur kakang mas Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 6, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, kumandhuring krun ordhê ing Siyêm, kolonèl komandhaning kang legiyun Mangkunagaran.

Sasampuning kadya punika wiyosipun sêratipun kakang mas katitimasan kaping 14 wulan punika sampun kula tampèni, punapa suraosipun sampun kula sumêrêpi.

Ingkang punika, mugi sampun andadosakên panggalihipun kakang mas, dintên tingalan wiyosanipun taun kakang mas, kula botên sagêd anguningani, amargi sowan ing pagêlaran, dene para wadana kaliwon jawi lêbêt saha nona-nonanipun, sampun sami kula wradini sadaya.

Kasêrat tanggal kaping 16 Rêjêb Be 1832.

--- 1 : 460 ---

Sêrat sarta ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat opisiring ordhê oranyê nasao, dhumatêng ingkang raka, Radèn Mas Arya Surya Asmara.

Sasampuning kadya punika awiyos, sêratipun kangmas katitimangsan tanggal kaping 18 Bêsar punika sampun kula tampèni kalayan sarjuning manah sarta sangêt ing panêdha kula. Mênggah anggènipun kangmas ing dintên Rêbo tanggal kaping 23 Bêsar punika badhe angemah-emahakên putra èstri, angsal putra têtilaranipun kangmas Arya Suryaputra, kula amung anjurungi pêpuji mugi kalampahan kalayan lastari wilujêng sapanginggilipun. Kajawi punika kula angintuni dhumatêng pulunan kula badhe pangantèn awarni sèrpis tèh saprangkat, amung minôngka tôndha katrêsnan.

Kasêrat tanggal kaping 23 Bêsar Dal 1831.

--- 1 : 461 ---

Ôngka 232/4A.

Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara. Sêrat paturan ijêngandika katitimasan ping 25 Nopèmbêr 1906 ôngka: 377/4I. Sakanthine ampun kula puniki, bab gène Radèn Mas Panji Kuda Sumadarsana kalêpatan nêrak pranatan dalêm sambut-panyambute arta dhatêng Radèn Ayu Pringgasubrata langkung saking 100 satus rupiyah, botên kasuwunakên idi nagari, puniku saking dhawuh timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, amarêngi ing dintên Kêmis ping 4 Dulkangidah Ehe 1836, Radèn Mas Panji Kuda Sumadarsana kapatrapan rès lamine 7 dintên 7 dalu, lajêng jêngandika dhawuhna saparlune, sarta Radèn Mas Panji Kuda Sumadarsana jêngandika sowana ing kantor kapatihan nuntên badhe lajêng kapatrapakên rèse wèntênwontên. ing srimanganti.

Kantor kapatihan kaping 22 Dhesèmbêr 1906.

1. Ngagengangge. atêr-atêr sarta panambang ngoko, namung panambang -akên lêstantun krama.

2. Ngangge basa kadhaton bêsaos enz. sarta mangungkak basa punapi enz.

Mangungkak basa, punapi = punapa

Basa kadhaton bêsaos = kemawon

Eco, kuda, têmbung, Dê/Be, kadipundi, tambang, pèntên, pojar = cariyos, sumitra, wikana = êmbuh, ampun = sampun, kagêngan, wawi = suwawi, punapi, bêsaos, puniki puniku, mêksih, bèntên

--- 1 : 462 ---

Sêrat sarta ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun ing Siyêm, katur dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, ridêring krun ordhê ing Siyêm, Mayor Ajidan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Sasampuning kadya punika awiyos, manawi amarêngakên ing dintên malêm Sênèn benjing enjing sontên wanci jam sanga, kula ajêng-ajêng rawuh ing griya kula, lalênggahan utawi kasukan sakaparênging panggalih akalihan tuwan-tuwan sawatawis, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 1 Rêjêb Be 1832.

Sasradiningrat

--- 1 : 463 ---

Ôngka 113: M.

Sêrat sarta ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat opisiring ordhê oranyê nasao opisiring krun ordhê ing Siyêm, katur dhumatêng ingkang putra Kangjêng Pangeran Angabèi, ridêring krun ordhê ing Siyêm, mayor ing Genaralên sêtap.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, asarêng punika tatêdhakan pranatan susulanipun undhang-undhang bab ngabèi rôngga dêmangipun para putra santana dalêm. Sapunika kalangênan kathahipun. Mênggah waradinipun dhumatêng putra santana dalêm, kula mitadosakên ing putra kula.

Kasêrat tanggal kaping 30 Jumadilawal Wawu 1833.

Sasradiningrat

--- 1 : 464 ---

Sêrat sarta ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat opisiring ordhê oranyê nasao opisiring krun ordhê ing Siyêm, katur dhumatêng ingkang putra Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

Sasampuning kadya punika awiyos, manawi amarêngakên, ing dintên malêm Sênèn benjing enjing sontên wanci jam sanga putra kula, kula ajêng-ajêng rawuh ing griya kula, lêlênggahan utawi kasukan sakaparêngipun akalihan tuwan-tuwan sawatawis, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 1 Rêjêb Be 1832.

Sasradiningrat

--- 1 : 465 ---

Sêrat saha taklim kula, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat opisiring ordhê oranyê nasao opisiring krun ordhê ing Siyêm, katur dhumatêng Bapak Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

Sasampuning kadya punika awiyos, manawi bapak adhangan ing panggalih, ing dintên malêm Sênèn benjing enjing sontên wanci jam sanga kula ngajêng-ajêng rawuh ing griya kula, lalênggahan utawi kasukan sakaparênging panggalih akalihan tuwan-tuwan sawatawis, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 1 Rêjêb Be 1832.

Sasradiningrat

--- 1 : 466 ---

Sawuse salamku Pangeran Arya Surya Atmaja, awiyos manawa ora ana pambêngane, besuk ing dina Rêbo Paing tanggal kaping 11 sasi Sura iki, aku bakal anêtakake adhimu anakku Radèn Mas Paras, sorene putra sarta sadhèrèk dalêm pangantèn kapat padha tak suwun tak undhuh marang ing kapatihan, mawa lêlangên tedhansah.

Kang iku manawa kowe dhangan, tak arêp-arêp anyumurupi rise ing wayah jam satêngah pitu esuk, sarta sorene wayah jam sanga kowe tak arêp-arêp manèh, anyumurupi lêlangên tedhansah bangêt kang pangarêp-arêpku.

Tinulis tanggal kaping 6 Sura Dal 1831.

Sasradiningrat

--- 1 : 467 ---

Kangmas Riya Purwadiningrat, benjing tedhansah ing dintên malêm Kêmis tanggal kaping 12 Sura punika, kula kalihan rayi jêngandika angajêng-ajêng rayi jêngandika Bandara Radèn Ayu saha ibu jêngandika uwa, andhanganakên anguningani lêlangên tedhansah ing wanci jam satêngah sanga, ibu jêngandika uwa manawi amarêngakên ngantos dumugi bibaripun pasamuwan sarta malêm Jumungah tanggal kaping 13 malêm Sabtu tanggal kaping 14 tuwin malêm Akad tanggal kaping 15, ugi Sura, angajêng-ajêng rayi jêngandika Bandara Radèn Ayu, tuwi ing wanci jam satêngah sanga.

Kaping 6 Sura Dal 1831.

--- 1 : 468 ---

Dèn Mas Riya Jayaningrat, besuk tedhansah ing dina malêm Kêmis tanggal kaping 12 Sura iki, aku lan bok ayumu angarêp-arêp Bandara Radèn Ayu andhanganake anguningani lêlangên tedhansah ing wayah jam satêngah sanga sarta malême Jumungah tanggal kaping 13, malêm Sabtu tanggal kaping 14 lan malêm Akad tanggal kaping 15 uga Sura tilik ing wayah jam satêngah sanga.

Kaping 6 Sura Dal 1831.

Sasradiningrat

--- 1 : 469 ---

Dèn Mas Riya Padmanagara dina Akad tanggal kaping 3 Rabingulakir Ehe wayah jam 1/2 10 esuk, Bandara Radèn Ayu diarêp-arêp ingkang bokayu angêdusi adhimu Maryati.

Kêmis ping 30 Mulud Ehe 1828.

--- 1 : 470 ---

Pèngêt, ingkang sêrat saha salam taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Katura ing rayi Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula anampèni dhawuhing timbalan dalêm ratu kula Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta Adiningrat, kaparêngipun ing karsa dalêm, benjing ing dintên Jumungah tanggal kaping 14 wulan punika, kula akalihan abdi dalêm priyayi kônca bupati nayaka saha nona-nonanipun ingandikakakên anjumênêngakên piyambak, prabayasa pasareanipun pêpundhèn dalèm ing Kitha Agêng, mawi kadhèrèkakên abdi dalêm priyayi kônca panèwu mantri karerehanipun abdi dalêm priyayi bupati wau sami nyagolongan, kajawi punika para bandara pangeran putra 5, pangeran santana 4, para santana dalêm riya 4, ugi sami ingandikakakên tumut ing Kitha Agêng, dene jumênêngipun prabayasa wau, wanci jam 10 enjing langkung 47 mênit. Angkat kula kônca priyayi wadana kaliwon sapanunggilanipun wau sangking nagari dalêm Surakarta Adiningrat wanci jam satêngah nêm enjing anumpak sêpur etratrèis, sontênipun wangsul dhumatêng nagari dalêm Surakarta Adiningrat malih.

Ingkang punika adhi mas Kangjêng Radèn Adipati, salangkung kula nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat, kula nêdha lulusipun, punapadene salajêngipun konjuk kauningan ing panjênêngan dalêm ratu kula Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, saha kauninganipun saudara kula kangjêng tuwan Y.R. Koperus, residhèn ing nagari dalêm Ngayogyakarta Adiningrat, kula sumôngga dhatêng adhi mas Kangjêng Radèn Adipati Danurêja.

Kasêrat ing nagari dalêm Surakarta Adiningrat ing dintên Rêbo tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir Wawu ôngka 1833.

--- 1 : 471 ---

Sêrat sarta ingkang salam, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat. Dhumatêng ingkang putra Radèn Tumênggung Sasranêgara bupati anèm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Awiyos, sêratipun anakmas katitimangsan kaping 1 Sawal dal 1831, sampun kula tampèni, punapa sawiraosipun sampun kula tupiksani, sangêt ing panarimah kula, sarta pamuji kula mugi lastari sami karaharjan ing sakulagotra sapangigilipun. Dene anggènipun anak mas ing wingking badhe amung silaturahmi kawrat ing karcis kemawon, botên wontên pakèwêdipun.

Surakarta kaping 7 Sawal Dal 1831.

--- 1 : 472 ---

Sêrat saha ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi, litnan kolonèl bèidhên generalên sêtap, ajidanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general ing Nèdêrlan Indiya.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni sêrat ingkang katitimangsan kaping 3 Rêjêb, punika suraosipun, manawi Allah Tangala angganjar wilujêng sadayanipun, saha angsal supangatipun Kangjêng Rasul, utawi sawab barkahipun lêluhur sadaya, saking karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, putra kula Radèn Tumênggung Purwanêgara 2, Radèn Tumênggung Surryadi, sami badhe kaparingan momongan putra dalêm, Radèn Tumênggung Purwanêgara, kaparingan momongan Radèn Ayu Gusti Sêkarkadhaton, Radèn Tumênggung Suryadi kaparingan momongan Radèn Ayu Gusti Sêkartaji, wondene ijabipun benjing ing dintên Jumungah Kliwon tanggal kaping 15 wulan Rêjêb taun Alip 1827. Punika wontên ing lêbêt kadhaton, sontênipun dhaub wontên Kadanurêjan, dintênipun Kêmis Lêgi pangantèn wau sami mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak.

Ingkang punika sangêt ing panuwun kula, saha mugi kalampahan kalayan lastari wilujêng sapanginggilipun.

Kasêrat Surakarta tanggal kaping 13 wulan Rêjêb taun Alip 1827.

- -- 1 : 473 ---

Sêrat saha ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat sakalihan, katur dhumatêng Gusti Pangeran Arya Pugêr sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni sêrat ingkang katitimasan kaping 21 Siyam punika, minôngka panglayat sedanipun bapak Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, punika sangêt ing panuwun kula.

Kasêrat tanggal kaping 29 Siyam Dal 1823.

--- 1 : 474 ---

Sêrat sarta ingkang salam, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, dhumatêng ingkang putra Radèn Adipati Panji Côndranêgara, bupati ing Sidoarja.

Kawiyos, sêrate § met panambang N. anak§ niet putra kula. Adipati katitimasan kaping 1 Sawal Ehe 1828, sasampun kula tampèni, sarta kula uningani § kula sumêrêpi. sasurasane, sangêt ing panarimah§ niet panuwun kula. kula sarta garwa§ niet ibu ijêngandika. kula, pamuji kula mugi lastari§ met arubaswara.

sami karaharjan ing sakulagotra sapanginggile.

Wasana salam kula dhatêng radèn ayu, salame garwa kula dhatêng anak adipati sarimbit,§ niet sakalihan. sapungkuring sêrat para ahli ing Surakarta sami raharja.

Surakarta kaping 12 Sawal Ehe 1828.

Sasradiningrat

--- 1 : 475 ---

Sêrat sarta ingkang salam Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun, ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, dhumatêng ingkang putra Radèn Mas Tumênggung Jayadirana, bupati ing Lamongan.

Awiyos, layange radèn mas tumênggung katitimasan kaping 1 Sawal Be 1832 wis tak tampani, apa sasurasane wis tak tupiksani, bangêt ing panarimaku sarta garwaku, pamujiku muga lastari padha karaharjan ing sakulagotra sapandhuwure.

Wasana salamku marang radèn ayu, salame garwaku marang radèn tumênggung sarimbit, sapungkure layang para ahliku ing Surakarta padha salamêt.

Surakarta kaping 6 Sawal Be 1832.

Sasradiningrat

--- 1 : 476 ---

Sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, dhumatêng ingkang saudara tuwan E.Y.A. Dhèsênje ing Ngampèl.

Sasampuning kadya punika awiyos, sêratipun saudara katitimasan kaping 27 Marêt punika, sampun kula tampèni, kanggenipun saudara kalihan nyonyah suka wilujêng lairipun putu kula Radèn Mas Subagya, sangêt ing tarima kasih kula sarta garwa kula, wasana tabe kula dhumatêng nyonyah sarta tabenipun garwa kula dhumatêng saudara kalihan nyonyah.

Surakarta kaping 31 Marêt 1903.

Sasradiningrat

--- 1 : 477 ---

...

--- 1 : 478 ---

Ibêr-ibêr

Sêrat saha sêmbah kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur panjênêngan dalêm uwa Kangjêng Ratu Bandara.

Sasampuning kadya punika wiyosipun kasarêng punika tatêdhakanipun sêrat undhang-undhang. Angawisi tumbas ulamipun kewan saking sadhengah tiyang.

Ingkang punika waradinipun dhumatêng abdi dalêm pradikan sasaminipun ingkang wadana ing panjênêngan dalêm, kula anyumanggakakên.

Kasêrat tanggal kaping 16 Rabingulakir Jimawal 1821.

--- 1 : 479 - --

Sêrat saha ingkang sêmbah Kangjêng Adipati Sasradiningrat, katur ing panjênêngan dalêm Gusti kangkata 'kang' tidak perlu dibaca. Kangjêng Ratu Timur.

Sasampuning kadya punika wiyosipun kula sampun anampèni paring dalêm sêrat ingkang katitimasan kaping 29 Sawal Dal punika, kula angaturi uninga, sapunika ingkang dados pranatanipun nagari, sawarninipun pemahan sami katamtokakên nyanggi lêladosan dhudhuk lumpuring nagari angladosakên waragad panggarapipun margi agêng, waragad angwontênakên tiyang patrol, saha waragad angwontênakên dilah ting ingkang kapasang ing margi agêng, botên wontên pemahan ingkang kalêpatakên sêsanggèn dhudhuk lumpuring nagari, sanajan pemahan ingkang kala rumiyin botên gadhah sêsanggèn, sapunika inggih ugi katamtokakên angladosakên dhudhuk lumpuring nagari wau, dados sawarninipun pemahan sajawinipun capurining Timuran wau ugi kêdah angladosakên dhudhuk lumpur kathahipun kados ingkang sampun katamtokakên ing nagi,nagari (dan di tempat lain). kawrat ing sêrat pikêkahipun kêpala kampung wondêne manawi lêladosan dhudhuk lumpur wau badhe dipun wontênakên dening ingkang nguwasani pemahan wau, nagi botên kagungan pakèwêd amarêngakên.

Anjawi punika kula anampèni sêrat paturanipun Radèn Tumênggung KartanagaKartanagara. abdi dalêm bupati pulisi nagari, anglaporakên pemahan ing kampung Mênangan, lêladosanipun dhudhuk lumpur ingkang sampun katamtokakên ing dalêm sawulan gunggungipun 3 tigang rupiyah, karsanipun panjênêngan dalêm, lêladosan dhudhuk lumpur wau ing dalêm sawulan amung 2 rupiyah, mênggah ingkang makatên punika nagari botên sagêd amarêngakên, amargi badhe angewahakên petang saha pranatan ingkang sampun sami kadhawuhakên.

Kasêrat tanggal kaping 21 Dulkangidah Dal 1823.

W.R.II kula panjênêngan dalêm

Krangkêp

--- 1 : 480 ---

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, dhumatêng ingkang saudara tuwan E.Y.A. Dhesênce ing Ngampèl.

Sasampuning kadya punika awiyos, sêratipun saudara katitimangsan kaping 27 Marêt punika, sasampun kula tampèni, anggènipun saudara kalihan nyonyah suka wilujêng lairipun putu kula Radèn Mas Subagya, sangêt ing tarima kasih kula sarta garwa kula, wasana tabe kula dhumatêng nyonyah sarta tabenipun garwa kula dhumatêng saudara kalihan nyonyah.

Surakarta kaping 31 Marêt 1903.

Sasradiningrat

Krangkêp

--- 1 : 481 ---

Sêrat sarta ingkang salam, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun, ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, dhumatêng ingkang putra Radèn Tumênggung Jayadirana, bupati ing Lamongan.

Awiyos, layange radèn tumênggung katitimangsan kaping 1 Sawal Be 1832, wis tak tampani, apa surasane wis tak tupiksani, bangêt ing panarimaku sarta garwaku, pamujiku muga lêstari padha karaharjan ing sakulagotra sapandhuwure.

Wasana salamku marang radèn ayu salame garwaku marang radèn mas tumênggung sarimbit, sapungkure layang para ahliku ing Surakarta padha salamêt.

Surakarta kaping 6 Sawal Be 1832.

Sasradiningrat.

Kêrangkêp

--- 1 : 482 ---

Sêrat sarta ingkang salam, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, dhumatêng ingkang putra Radèn Adipati Panji Côndranagara, bupati ing Sidoarja.

Awiyos, sêrate putra kula katitimasan kaping 1 Sawal Ehe 1828, sampun kula tampèni sarta kula uningani suraose, sangêt ing panarima kula sarta garwa kula, pamuji kula muga lêstantuna sami karaharjan ing sakulagotra sapanginggile.

Wasana salam kula dhatêng radèn ayu, salame garwa kula dhatêng anak adipati sarimbit, sapêngkêring sêrat para ahli ing Surakarta sami raharja.

Surakarta kaping 12 Sawal Ehe 1828.

Sasradiningrat

Kêrangkêp

--- 1 : 483 ---

Sêrat saha ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat sakalihan, katur dhumatêng Gusti Pangeran Arya Pugêr sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni sêrat ingkang katitimasan kaping 21 Siyam punika, minôngka panglayat sedanipun bapak Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, punika sangêt ing panuwun kula.

Kasêrat tanggal kaping 29 Siyam Dal 1823.

Krangkêp

--- 1 : 484 ---

Sêrat saha ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi Litnan Kolonèl Bèidhên general sêtap, ajidanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur General ing Nèdêrlan Indiya.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni sêrat ingkang katitimasan kaping 3 Rêjêb punika, suraosipun, mênawi Allah Tangala angganjar wilujêng sadayanipun, saha angsal supangatipun Kangjêng Rasul, utawi sawab barkahipun lêluhur sadaya, sangking karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan putra kula Radèn Tumênggung Purwanagara, kaparingan momongan Radèn Ayu Gusti Sêkarkadhaton, Radèn Tumênggung Suryadi kaparingan momongan Radèn Ayu Gusti Sêkartaji, wondene ijabipun benjing ing dintên Jumungah Kliwon tanggal kaping 15 wulan Rêjêb taun Alip 1828, punika wontên ing lêbêt kadhaton, sontênipun dhaup wontên Kadanurêjan, dintênipun Kêmis Lêgi pawaktènpangantèn. wau sami mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak.

Ingkang punika sangêt ing panuwun kula, saha mugi kalampahan kalayan lastari wilujêng sapanginggilipun.

Kasêrat tanggal kaping 13 wulan Rêjêb taun Alip 1832.

Kêrangkêp

--- 1 : 485 ---

Sawuse lamkusalamku. Pangeran Arya Suryaatmaja, awiyos manawa ora ana pambêngane, besuk ing dina Rêbo Paing tanggal kaping 11 sasi Sura iki, aku bakal anêtakake adhimu anakku Radèn Mas Saparas, sorene putra sarta sadhèrèk dalêm pangantèn papat padha tak suwun tak undhuh marang ing kapatihan mawa lêlangên tedhansah.

Kang iku manawa kowe dhangan, tak arêp-arêp anyumurupi pangirise ing wayah jam satêngah pitu esuk, sarta sorene wayah jam sanga kowe tak arêp-arêp manèh, anyumurupi lêlangên tedhansah. Bangêt pangarêp-arêpku.

Tinulis tanggal kaping 6 Sura Dal 1831.

Sasradiningrat

Krangkêp

--- 1 : 486 ---

Pèngêt, ingkang sêrat saha ingkang salam taklim Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur ingkang rayi Kangjêng Radèn Adipati Danurêja nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula anampèni dhawuhing timbalan dalêm ratu kula ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta Adiningrat, kaparêngipun ing karsa dalêm, benjing ing dintên Jumungah tanggal kaping 14 wulan punika, kula akalihan abdi dalêm priyayi kônca bupati kaliwon nayaka anon-anonipun, ingandikakakên anjumênêngakên piyambak, Prabayasa pasareanipun pêpundhèn dalêm ing Kitha Agêng, mawi kadhèrèkakên abdi dalêm priyayi kônca panèwu mantri, karerehanipun abdi dalêm priyayi bupati wau sami nyagolongan, kajawi punika para bandara pangeran putra 5, pangeran sêntana 4, para santana dalêm riya 4, ugi sami ingandikakakên tumut ing Kitha Agêng, dene jumênêngipun Prabayasa wau wanci jam 10 enjing, angkat kula sakônca priyayi wadana kaliwon sapanunggilanipun, wau saking nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat, wanci jam satêngah nêm enjing anumpak sêpur otratreis, sontênipun wangsul dhatêng nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat malih.

Ingkang punika adhimas kajêngkangjêng. radèn adipati salangkung kula nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat, kula nêdha lulusipun, punapadene salajêngipun konjuk kauningan ing panjênganpanjênêngan. dalêm ratu kula Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, saha kauninganipun saudara kula Kangjêng Tuwan Y.R. Operum, residhèn ing nagari dalêm Ngayogyakarta Adiningrat, kula sumôngga dhatêng adhimas Kangjêng Radèn Adipati Danurêja.

Kasêrat ing nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat ing dintên Rêbo tanggal kaping […]Naskah sobek. wulan Rabingulakir Wawu ôngka 1833.

--- 1 : 487 ---

Sêrat saha ingkang salam Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, dhumatêng ingkang putra Radèn Tumênggung Sasranagara bupati anèm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Awiyos sêratipun anak mas katitimangsan kaping 1 Sawal Dal 183 […],Naskah sobek. sampun kula tampèni punapa sawiraosipun sampun kula tupiksani, sangêt ing panarimah kula, sarta pamuji kula mugi lastari sami karaharjan ing sakulagotra sapanginggilipun. Dene anggènipun anak mas ing wingking badhe amung silaturahmi kawrat ing karcis kemawon, botên wontên pakèwêdipun.

Surakarta kaping 7 Sawal Dal 1831.

Kêrangkêp

--- 1 : 488 ---

Kangmas Riya Purwadiningrat, benjing tedhansah ing dintên malêm Kêmis tanggal kaping 12 Sura punika, kula kalihan rayi jêngandika angajêng-ajêng rayi jêngandika bandara radèn ayu saha ibu jêngandika uwa, andhanganakên anguningani lêlangên tedhansah ing wanci jam satêngah sanga, ibu jêngandika uwa manawi marêngakên ngantos dumugi bibaripun pasamuwan sarta malêm Jumungah tanggal kaping 13 malêm Sabtu tanggal kaping 14 tuwin malêm Akad tanggal kaping 15 ugi Sura, angajêng-ajêng rayi jêngandika bandara radèn ayu tuwin ing wanci jam satêngah sanga.

Kaping 6 Sura Dal 1831.

Krangkêp

--- 1 : 489 ---

Radèn mas riya, besuk tedhansahatedhansah ing. dina malêm Kêmis tanggal kaping 12 Sura iki, aku lan bok ayumu angarêp-arêp bandara radèn ayu andhanganake anguningani lêlangên tedhansah ing wayah jam satêngah sanga, sarta malême Jumungah tanggal kaping 13 malêm Sabtu tanggal kaping 14 lan malêm Akad tanggal kaping 15 uga Sura tilik ing wayah jam satêngah sanga.

Kaping 6 Sura Dal 1831.

Sasradiningrat

Krangkêp

--- 1 : 490 ---

Kula nuwun gusti, kula agaturi uninga ing panjênêngan dalêm, ingkang manawi botên wontên pambênganipun, benjing ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 11 wulan Sura ing taun Dal ôngka 1831, kula badhe anêtakakên anak kula pun Saparas, saha sontênipun malêm Kêmis, para pangantèn sami kula suwun kula undhuh dhumatêng kapatihan, mawi lêlangên tedhansah.

Mênggah punika botên langkung kula amung nyuwun pangèstu dalêm wilujêng sadayanipun.

Katur ing dintên Rêbo tanggal kaping 6 wulan Bêsar taun Je ôngka 1830.

Ngalamat tumrap ing kanthong

Sêrat mugi katur ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

--- 1 : 491 ---

Dhawuhing pangandika dalêm

Adipati Sasradiningrat, aturira ing ngisor iki, ingsun wis amarêngake sarta gawea rèngrèng pranatan, kaya kang wis kêlakon anak ingsun pambarêp.

Kêmis ping 5 Siyam Je ôngka 1830

Kawula nuwun, atur sêmbah kawula abdi dalêm pun Adipati Sasradiningrat, konjuk sahandhaping sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Abdi dalêm kawula nuwun sampun anampèni dhawuhing timbalan dalêm, amarêngi ing dintên Sênèn tanggal kaping 10 wulan Ruwah ing taun Je angkanipun ing warsa 1830, matêdhani uninga, benjing wulan Bêsar ing taun Je punika, sampeyan dalêm karsa badhe angramakakên putra dalêm tiga, sadhèrèk dalêm satunggal.

1. Satunggal Bandara Radèn Ajêng Kusniyah, kaupakênkadhaupakên. akalihan abdi dalêm pun Panji Haryaatmaja, putranipun raka dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram, ingkang patutan sangking Radèn Ayu Arya Mataram.

Kalih, raka jêngandika Bandara Pangeran Arya Purbadiningrat kadhaupakên akalihan Radèn Ajêng Sumasti, têtilaranipun anak abdi dalêm Pangeran Arya Adiwijaya.

Tiga, Bandara Radèn Ajêng Ôntawati, kadhaupakên akalihan abdi dalêm pun Ngabèi Atmasaputra, anakipun abdi dalêm pun Arya Purbadiningrat, ingkang patutan sangking bok ayu jêngandika Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat.

Bandara Pangeran Angabèi, kadhaupakên akalihan anak kawula pun Maryati. Sampeyan dalêm mundhut pamrayogi kawula dintên tanggal sangatipun ingkang sae salêbêtipun wulan Bêsar wau, ijab paningkahipun wontên kadhaton, panggihipun wontên kapatihan, kados adat putra dalêm ingkang pambajêng, abdi dalêm kawula ingandikakakên amirantos samaptanipun, saha ingandikakakên andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm pun Arya Purwadiningrat akalihan bok ayu jêngandika Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat, unjuk kawula nuwun sandika, saha sampun lajêng kawula dhawuhakên.

Mênggah sangking pamanah kawula anjawi kaparêngipun panggalih dalêm dintên tanggal sangat ingkang sae salêbêtipun wulan Bêsar wau wontên ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 20 wuku Tambir dewa Uma, Paningron, dangu, sumur sinaba, dêmang kandhuruwan, sangatipun wiwit wanci jam 10 enjing langkung 48 mênut dumugi jam 12 siyang langkung 19 mênut, [mê...]

--- 1 : 492 ---

[...nut,] Jabarail wilujêng.

Mênggah punika abdi dalêm kawula anyumanggakakên saha nyuwun dhawuhing timbalan dalêm.

Konjuk ing dintên Sêtu tanggal kaping 29 wulan Ruwah ing taun Je angkanipun ing warsa 1830.

Sang Aprabu Surakarta 10

Ingkang pratôndha Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat

Voorb art. 2 letl. Arya

No. 6

Asma dalêm

P.B. IX

Krama I. Dhawuhing pangandika dalêm

(Wrêdhakrama) 44

Kula, voor en wester mrysel Ngabèi

Dhawuhing pangandika dalêm rama Pangeran Arya Pringgalaya, kang kêsêbut ngandhap puniki§ met bd = basa kadhaton. kula sampun anglilani pambayare§ panambang N = Ngoko. nicil mêdal kasanggi, rama, yèn botên nêtêpi kula lilani prakawise kainggahna ing karampungan, sêrat 2 iji kula paringake wangsul.

Kêmis ping 18 Mulud Jimakir ôngka 1822

Zie S.W. 1832 blz. 221

Krangkêp

--- 1 : 493 ---

Dhawuhing pangandika dalêm.

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuh marang sira Adipati Sasradiningrat, kapindhone, ingsun paring wêruh, besuk sasi Bêsar taun Je iki, ingsun angramakake putraningsun têtêlu, sadulur ingsun siji.

1. Radèn Ajêng Kusniyah, ingsun dhaupake karo si Panji Arya Atmaja, anake kakang mas Arya Mataram, kang patutan saka Radèn Ayu Arya Mataram.

2. Kakang mas Pangeran Arya Purbadiningrat, ingsun dhaupake karo Radèn Ajêng Sumasti, têtinggalane anak Pangeran Arya Adiwijaya.

3. Radèn Ajêng Ôntawati, ingsun dhaupake karekaro. Si Ngabèi Atmasaputra, anake Si Arya Purwadiningrat, kang patutan saka bok ayu Radèn Ayu Purwadiningrat.

4. Pangeran Angabèi, ingsun dhaupake karo Radèn Ajêng Maryati, anakira.

Kang iku adipati, ingsun mundhut pamrayoganira, dina tanggal sangate kang bêcik jrone sasi Bêsar mau. Paningkahe ana ing kadhaton, têmune ana ing kapatihan, kaya adat anak ingsun kang pambarêp, sarta sira amirantia samaptane, lan dhawuha marang Si Arya Purwadiningrat karo bok ayu Radèn Ayu Purwadiningrat.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Sênèn tanggal kaping 10 wulan Ruwah ing taun Je, angkaning warsa 1830.

--- 1 : 494 ---

Sêrat sarta ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, dhumatêng ingkang raka Radèn Mas Arya Surya Asmara.

Sasampuning kadya punika awiyos, sêratipun kangmas katitimangsan tanggal kaping 18 Bêsar punika sampun kula tampèni kalayan sarjuning manah sarta sangêting panêrimah kula dha kulaKata 'dha kula' tidak perlu dibaca. mênggah anggènipun kangmas ing dintên Rêbo tanggal kaping 23 Bêsar punika badhe angemah-emahakên putra èstri, angsal putra têtilaranipun kangmas Arya Suryaputra, kula amung anjurungi pêpuji mugi kalampahan kalayan lastari wilujêng sapanginggilipun, kajawi punika kula angintuni dhumatêng pulunan kula badhe pangantèn awarni sèrpis tèh saprangkat, amung minôngka tôndha katrêsnan.

Kasêrat tanggal kaping 23 Bêsar Dal 1830

Krangkêp

--- 1 : 495 ---

Surakarta 29 Dhesèmbêr 1900

No: 128

Asma

Kula ngaturi uninga ing Kangjêng Tuwan Residhèn, kula nampèni dhawuhing timbalan dalêm putra ijêngandika Ingkang Sinuhun Susuhunan, amarêngi ing dintên Kêmis tanggal kaping 5 wulan Siyam ing taun Je, angkanipun ing 1830 utawi kaping 10 April 1901 karsa dalêm angramakakên putra dalêm tiga sadhèrèk dalêm satunggal, 1. Bandara Radèn Ajêng Kusniyah, kadhaupakên akalihan Radèn Mas Panji Arya Atmaja, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mantaram. 2. Sadhèrèk dalêm Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, kadhaupakên akalihan Radèn Ajêng Sumasti anak tatilaranipun Pangeran Arya Adiwijaya. 3. Bandara Radèn Ajêng Ôntawati, kadhaupakên akalihan Ngabèi Atmasêputra, anakipun Radèn Mas Arya Purwadiningrat

Katur Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta

Soerakarta 29 December 1900

Saja kasieh taoe pada Kangdjeng Toean Resident sadja trima prentahnja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan pada ari Kemis tanggal 5 boelan poeasa taoen Dje 1830 membre taoe besoek ari Rebo tangal 20 boelan Besar taoen Dje 1830 atawa ari 10 April 1901 hendak mengawinken Srie padoeka ampoenja anak tiga Sri Padoeka ampoenja soedara satoe.

1. Bandoro Raden Adjeng Koesnijah dikawinken dengan Raden Mas Pandji Harjoatmadja anaknja Kangdjeng Goesti Pangeran Harjamataram, 2. Srie Padoeka ampoenja soedara Kangdjeng Pangeran Ario Poerbodiningrat dikawinken dengan Raden Adjeng Soemasti anak tinggalannja Pangeran Ario Hadiwidjojo

Teratoer

Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta

--- 1 : 496 ---

Sêrat saha pangabêkti kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao opisiring krun ordhê ing Siyêm, katur kakang mas Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 6 ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, kumandhuring krun, ordhê Siyêm kolonèl komandhaning kang legiyun Mangkunagaran.

Sasampuning kadya punika, wiyosipun sêratipun kangmas katitimangsan kaping 14 wulan punika sampun kula tampèni punapa suraosipun sampun kula sumêrêpi.

Ingkang punika mugi sampun andadosakên panggalihipun kangmas, dintên tingalan wiyosanipun taun kakang mas, kula botên sagêd anguningani, amargi sowan ing pagêlaran. Dene para wadana kaliwon jawi lêbêt saanon-anonipun, sampun sami kula wradini sadaya.

Kasêrat tanggal kaping 16 Rêjêb Be 1832

Krangkêp

--- 1 : 497 ---

Sêrat saha pangabêkti kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, katur kangmas Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo kolonèl komandhaning kang lesiyun ing Mangkunagaran.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula anampèni dhawuhing timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, benjing ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 20 wulan Bêsar punika, karsa dalêm angramakakên putra dalêm tiga sadhèrèk dalêm satunggal.

1. Bandara Radèn Ajêng Kusniyah katarimakakên Pangeran Arya Suryamataram, putranipun Kangjêng Gusti Arya Mataram.

2. Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, kadhaupakên akalihan Radèn Ajêng Sumasti, tatilaranipun anak raka jêngandika kakang mas Pangeran Arya Adiwijaya.

3. Bandara Radèn Ajêng Ôntawati, katarimakakên Radèn Mas Arya Prawirabrata, anakipun Radèn Mas Arya Purbadiningrat.

4. Kanjêng Pangeran Angabèi, kadhaupakên akalihan putra sampeyan anak kula nama Radèn Ajêng Maryati, ijap paningkahipun wontên ing kadhaton, dhaup wontên kapatihan kados adat.

Ingkang punika manawi kangmas amarêngakên, benjing ing dintên Rêbo Lêgi, tanggal kaping 20 wulan Bêsar wau wanci jam 7 sontên, kula aturi rawuh sakalihan ingkang garwa, anguningani dhauping pangantèn, saha mugi amarêngakên lajêng nguningani dhansah.

Badhe andadosakên bingahipun manah kula bilih mawi kadhèrèkakên para sadhèrèk sakaparêngipun ing panggalih, ingkang gadhah garwa sami sagarwanipun, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

--- 1 : 498 ---

Sêrat saha pangabêkti kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, katur kangmas Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, kolonèl komandhaning kang legiyun ing Mangkunagaran.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, manawi botên wontên pambênganipun, benjing ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 11 wulan Sura punika kula badhe anêtakakên anak kula Radèn Mas Saparas, sontênipun putra saha sadhèrèk dalêm pangantèn sakawan sami kula suwun kula undhuh dhumatêng ing kapatihan, mawi lêlangên tedhansah.

Ingkang punika manawi kangmas amarêngakên, kula aturi rawuh anguningani risipun ing wanci jam pitu enjing, saha sontênipun ing wanci jam sanga kula aturi rawuh malih sakalihan ingkang garwa, anguningani lêlangên tedhansah.

Badhe andadosakên bingahipun ing manah kula, bilih mawi kadhèrèkakên para sadhèrèk sakaparêngipun ing panggalih, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 6 Sura Dal 1831.

--- 1 : 499 ---

Sêrat saha taklim kula Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun, ordhê ing Siyêm, katur dhumatêng bapak Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

Sasampuning kadya punika awiyos, manawi bapak adhangan ing panggalih, ing dintên malêm Sênèn benjing enjing, sontên wanci jam 9 kula angajêng-ajêng rawuh ing griya kula, lalênggahan utawi kasukan, sakaparênging panggalih akalihan tuwan-tuwan, sawatawis sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 1 Rêjêb Be 1832

Sasradiningrat

Kêrangkêp

--- 1 : 500 ---

Sêrat sarta ingkang taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun, ordhê ing Siyêm, katur dhumatêng ingkang putra Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

Sasampuning kadya punika awiyos, manawi amarêngakên, ing dintên malêm Sênèn benjing enjing sontên wanci jam sanga, putra kula, kula ajêng-ajêng rawuh ing griya kula, lalênggahan utawi kasukan, sakaparêngipun akalihan tuwan-tuwan sawatawis, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping 1 Rêjêb Be 1839

Sasradiningrat

Krangkêp

--- 1 : 501 ---

Sêrat sarta ingkang taklim Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun, ordhê ing Siyêm, katur dhumatêng ingkang putra Kangjêng Pangeran Angabèi, ridêring krun, ordhê ing Siyêm, mayor ing generalên sêtap.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, asarêng punika, têdhakan pranatan susulanipun undhang-undhang bab ngabèi rôngga dêmangipun para putra santana dalêm, sapunika wangênankawangênan. kathahipun, mênggah waradinipun putra santana dalêm, kula mitadosakên ing putra kula.

Kasêrat tanggal kaping 30 Jumadilawal Wawu 1833.

Sasradiningrat

Kêrangkêp

--- 1 : 502 ---

Sêrat sarta ingkang taklim Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun, ordhê ing Siyêm, katur dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, ridêring krun, ordhê ing Siyêm, mayor ajidan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Sasampuning kadya punika awiyos, manawi amarêngakên, ing dintên malêm Sênèn benjing-enjing, sontên wanci jam sanga, kula ajêng-ajêng rawuh ing griya kula, lalênggahan utawi kasukan, sakaparênging panggalih akalihan tuwan-tuwan sawatawis, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat tanggal kaping Rêjêb Be 1832

Sasradiningrat

Kêrangkêp

--- 1 : 503 ---

Kopyah:

Kopyah ilang zie gend.

Kapithing Kw.:

kamitra, kathira, dahri, darika zie yuyu.

Kapang-kapang:

zie ladr. pel. nem.

Kupêng:

zie kêbo (sungu)

Kuping:

zie kêbo en srandu en zie pôncadriya letl. b kuping, kw kênoh, karna, kêpêh, kipêh, talingan, panalinga padingan, pangrênga.

Kudhi Kw.:

joli, caluk, trantang, trangtang, sangut.

Kêdhu (katuranggan):

Jaran wêton Kêdhu, mripat: ômba pêndul, kulit pandês, tracak kuwung, balungane kalêbu gêdhe-gêdhe, atine bantêr.

Kudhu:

zie wit (pace)

Kadhana-kadhini:

(= gêdhana- gêdhini) sadulur loro kêmbar padha wadon,lanang wadon. gew gêdhana lanang, gêdhini wadon, P.R. I 195 (lê). Padhane: gana-gini, gew, gana gawaning lanang, gini gawaning wadon. Bênêre: gana barang gawan gini barang rukunan.

Kadhiri:

zie Mamênang zie, Kadhiri zie gambuh V

Kodhak:

zie kêbo (sungu)

Kodhok ijo:

rasul, kintêl, kênthus, kongkang, prêcil, bencok, bangkong.

Kodhok Kw.:

canthuka, wrêstija wiyung wiyangga, weyangga, pas

Kodhokan:

zie gend. Kodhok, wangsalan Tjent, judhêging lampah = andhok of mandhok.

Kodhokngorèk:

Ananearane. gamêlan kangjêng

Kodhokngorèk:

yasane Prabu Suryawisesa ing Jênggala nalika taun 1145

zie Kartapati letl f.

Sajumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, yasa gamêlan Kodhokngorèk.

--- 1 : 504 ---

sinangkalan: ngèsthi guna tataning dewa = 1530Sengkalan: ngèsthi guna tataning dewa (1530 A.J., 1608/09 A.D.).

Kodhokngorèk iku sabên garêbêg kaunèkake ana ing sitihinggil

Kodhokngorèk laras pelog

a. panitir, laras kênong ... cacah 4 angkring a isi 8 iji

panacah cacah 2 angkring a isi 8 iji

kêcèr rojèh sadhompol isi 6 iji, gêntha sadhompol 80 iji, klinthing sadhompol 84 iji ... dadi sagayor

panonthopanonthong.

cacah 2 iji, kênong cacah 1 iji, kêndhakêndhang. cacah 2 iji, gong Kyai Klanthe sakêmbaran = 2 iji.

b. yèn kagêm tingalan wiyosan sarta jumênêngan salin gong Nyai Sêkargadhung, yèn Garêbêg kaping têlu sataun, salin gong Nyai Sêkardlima sarta Kyai Gêrahkapat, apa manèh salin panonthong Kyai Antisaya sarta Kyai Antisaba, tuwin salin kêndhang Kyai Mimis lan wuwuh gêndèr rong pangkon wilahane nyapuluh, utawa wuwuh gambang gôngsa rong pangkon, padha laras salendro, dadi sulaya lan panunggalane laras pelog.

c. yèn kagêm adu-adu sarta ngrampog macan

--- 1 : 505 ---

panitir utawa bonang 4 angkring, kênong cacah 1 iji, gong bèri cacah 1 iji, bêdhug cacah 1 iji, panunthung (katipung gêdhe 1 iji), gong Kyai Macan sarta Kyai Baung 2 iji dadi sagayor

d. Kodhokngorèk kadipatèn, uga laras pelog

panitir, laras kênokênong. ... cacah 4 angkring a isi 8 iji

panacah cacah 2 angkring a isi 8 iji, kêcèr rojèh sadhompol cacah 4 iji, panonthong cacah 2 iji

kênong cacah 1 iji, kêndhang cacah 2 iji, gong Kyai Banjir sakêmbaran 2 iji

Kadhaton:

zie Ngimagiri no 199 en zie dhatu

Kadhaton bêntar:

zie gend. slend. pat. nem

Kudhasih Kw.:

tadhah arsa, wlas arêp, padharsa, gla

Kadhawung:

zie abdi dalêm Sragèn letl. b

Kadhal:

zie kambil karajan no 27

Kadhal Kw.:

umataka, karla, dhidhika, bundhan,

Kadhalan:

zie kêbo, kadhalan, wangsalan Tjent. rusaking baris, olèh dening: dhadhal

Kadhal mêtêng:

olèh landheyan no.6

Kadhalbuntung (mariyêm):

Mariyêm aran: Kadhalbuntung, iku pisungsunge tuwan Jendral Pandêrlim ing Batawi marang Ingkang Sinuhun Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, nalika taun MèsèhiMasèhi (dan di tempat lain). [Mè...]

--- 1 : 506 ---

[...sèhi] 1645 utawa taun Isaka 1573 en zie Maesa Kamale.

Kudhup cêpaka (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak kudhup cêpaka: bênêr, ing bongkot lêga, ing têngah gilig mêrit.

Kudhup turi:

zie srandu warôngka wêdhung

Kudhup malathi (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak kudhup malathi: bênêr, gilig têkan ing pucuk, lênggang ing bongkot

Kudhup gambir (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak kudhup gambir: bênêr, ngadhal mêtêng, ada-ada, ing bongkot lênggang, ing têngah gilig mêrit.

Kaji:

Panêmbahan ... zie wali no. 43 abdi dalêm lurah kaji, kawajibane yèn awan maca kitab ana ing surambi, yèn bêngi andarus ana ing masjid.

Kajar:

Kajar iku cêcukulan bangsaning senthe, tlutuhe anggatêli, luwih manèh tlutuh ing dhangkèle, gawene dilorotake ing dakare wong ugal-ugalan, didhêmêni marang kalulute: ngorèg rasa gatêl.

--- 1 : 507 ---

Kajoran (Klathèn):

Ing ngisor iki pratelane kang sumare ing astana Kajoran

1. Panêmbahan Agung II (dene Panêmbahan Agung I sumare ing Panaraga) pêputra, 2. Pangeran Radèn, karan ing akèh: Pangeran Anèh, pêputra, 3. Radèn Ayu Prabu Wijaya (garwa Panêmbahan Radin) (iku pêputra Kangjêng Ratu Kulon, garwa dalêm Sinuhun Têgalarum, pêputra P.B. I) en zie tangguh

Kijing Kw.:

kêrmisa, wahna, lindhana. Wangsalan Tjent. baturing maejan en zie kêbo

--- 1 : 508 ---

Kayu:

Ing ngisor iki araning kayu taun sawatara kang ora mêtu nipkahe, zie kirna, kaya ta:

uru minyak, uru madhang, uru bêsih, ukuaka, êlo, ipik, upas, angrit, ingas, cêpaka bulu zie manglid, cêmara, cangkring, randhu, randhu alas, rasamala, rêmpêlas, rêmbuyut, kêndhayaan, krandhing, kukun, kitoke, kêtos, katilampa, katepang, kitêmbaga = bêsih, kitangi, kasambi, kisambu, klakêt, kaluwak = pucung, kalêmbak, kopi, kiputri, kadhawung, kamonjing, kêmiri, kêmlandhingan, kibunaga, kibêsih = kitêmbaga, kèngkèng ontj II 74-7, turi, trêngguli, trênggulun, trênggulung, têkik, tawas = lèngsar,

--- 1 : 509 ---

tal, tangan, tungkul, êngguruk, so = minjo,mlinjo. sana, santên, surèn, saradan, sêrut, sarangan, sukun, salatara (kêmlandhingan alas), sulastri, sêmpu, sêmpurwai, sambi = kêsambi, saga, soga, sengon, waung, waru (waru lanang lêngis, waru wadon gombang), wêru, warêsah, wringin, wadhang Bertsch IV 6-2 v.o., laban, lengsar = tawan, pinang = pala lar minyak, pace, pucung, prèh, pakis, pête, puspa, pasang, plasa, pung, pingku = marangginang, dhadhap aram ri of bong, jaha, jaran, jati, jamuju, jambe, jengkol, ya, nyamplung, mantil = cêpaka bulu, manting,

--- 1 : 510 ---

...

--- 1 : 511 ---

Kayun:

Kayun, saka kayat = urip

Kadirun, saka: kodrat = kuwasa

Muridun, saka: iradat = karsa

Ngalimun, saka: ngèlmu = nguningani

Samingun, saka: samak = miyarsa

Basirun, saka: basar = ningali

Mutangalimun, saka: kalam = ngandika

Kalakuni = kang akarêda

Rabuni = kang pinangeran

Rajikun = kang asung rijêki

Bakin, saka: baka = langgêng

--- 1 : 512 ---

Kayon (= gunungan):

Kang nganggit kayon Sunan Kalijaga, dhèk jaman Dêmak taun 1443. Kayon iku ing jaba kacorèk kayu lung-lungan, ing jêro kapulas abang pinindha dahana, iya iku minôngka sangkalan, gêni dadi sucining jagad.Sengkalan: gêni dadi sucining jagad (1443 A.J., 1521/22 A.D.).

Kayu tai Kw.:

kajêng tinja k., kayu tai N., jatya

--- 1 : 513 ---

Kayalena:

zie gêni

Kayu lêgi Kw.:

kayu manis, keyong kw., kul

Kama:

zie pêjuh

Kami:

Bawa kami, dudu kramane bawa kuma, tumrap ana sangarêping têmbung lingga, kaya ta:

kami tuwa, kami sêpuh ... têgêse kang tuwa dhewe = luwih

tuwa, sarta bisa olèh panambang: ên, kaya ta: kami tegan, luwih tega

kami kêkêlên, luwih kêkêl = luwih adhêm

Kuma:

Bawa kuma ora bisa olèh panambang: ên, sarta atêgês: ora mêngkono, kaya ta:

kumayu verk. v. kuma ayu, kumini verk. v. kuma nini, kumaki verk. v. kuma kaki

--- 1 : 514 ---

kumalônda verk v. kuma Walônda, kumintêr verk v. kuma pintêr, gumaib verk v kuma gaib, gumagus verk v kuma bagus.

Kêmanak:

gêndhing, zie lokanônta

Kimuning Kw.:

kapita

Kêmuning bang:

zie kuniran

Kamantrèn (katuranggan):

Pacake wong nunggang jaran ingaran kamantrèn zie tunggang letl. c

Kêmendho:

zie wit (krambil)

Kamandha lupa tula:

' = waluh kêndhi sinungan carat loro kinarya pangombèn P.R. IV 63-7

Kamandhungan:

zie mandhung

Kamar:

zie abdi dalêm wadon no. 28

Kêmiri:

wangsalan Tjent mulyaning lara, olèh dening mari. Wiwite ana wong ngadu kêmiri saka Prabu Baka ing Prambanan, sinangkalan swara abur angrusak wani (1007)Sengkalan: swara abur angrusak wani (1007 A.J., 1085/86 A.D.).

--- 1 : 515 ---

Kawruh Ngadu Kêmiri

Kêmiri iku isine gurih, rasane kaya kacang utawa kênari, gêdhene uga sakênari, ana luwihe sawatara, kêna dianggo bumbu olah-olah kaya ta: kare, acar garingan, sapêpadhane, utawa kanggo bumbu sambêl, pamêcahe dithuthuk, amarga saka kandêling cangkoke.

Kêmiri kang wis padha disumurupi rupa 2, kang siji kêmiri kanggo olah-olah, dhapure kang akèh mêsagi, bocah cilik ing nagara Surakarta, lananga wadona, akèh kang dhêmên dolanan kêmiri, kanggo cirak, yèn bocah lanang ana kang kanggo sabêtan. Sijine kêmiri pidak, utawa dikarani kêmiri adon, dhapure lonjong, gêdhene sakakangne kênari.

Kêmiri iku dhapure warna 3, kaya ta:

1. Jêndhul, woh siji isi siji, 2. gêpak, woh siji isi loro, 3. têlu juru, woh siji isi têlu.

Ing jaman sawidak taun kang kapungkur, para luhur para sinatriya lan para priyayi ing nagara Surakarta, akèh kang kaparêng lêlangên ngadu kêmiri, dene kêmiri kang didu mau kêmiri pidak, kang padha didu kang diarani jêndhul, yèn kang gêpak lan têlu juru mung kanggo bumbu olah-olah.

Saranduning kêmiri kang kawruhan jênênge ana 8 bab, kaya ing ngisor iki:

1. Badan, iya iku saubênging badan. 2. Cucuk, iya iku kang lincip. 3. Dhadha, iya iku kang ambalêndhuk sawatara alus. 4. Gigir utawa gêgêr, iya iku sawaliking dhadha. 5. Sosor, iya iku kang rupane kaya sosor bèbèk anarèpès. 6. Wêngku, iya iku iringe utawa kiwa têngên kang wangune sawatara gligir. 7. Cawang, iya iku gligiraning dhadha, utawa pênjutuning dhadha. 8. Sindik, iya iku thingil pucuk dom kang cakêt ing cucuk.

--- 1 : 516 ---

Pamilihe kêmiri iku sêrate kang alus, wangunane kang sarwa kêncêng, dhadha kang mangul kang jêmbar, gigir kang alus, ora akèh gligirane, cocor kang tèbès rapêt, turut saka balêndhuking dhadha ora nyaluwêk, wêngku kang turut ora pêdhot, cawang kang gêdhe, wêwangunane kang nguwuk (kaya turuk kuwuk).

Pangupakarane kêmiri bakal didu, wiwit olèh kang isih bakal, diiris supaya garing, ora nganggo dipe, yèn wis 4 utawa 5 sasi banjur dikum cokak badhèg kang tulèn, lawase rong dina rong bêngi, banjur diêntas, disikat kang rêsik, nganti ilang klamutane, sarampunge nuli dipe 2-3 jam, banjur diêntas diisis, cukup dilèr ana ing wadhah kang ora nganggo tutup, utawa ana ing meja, watara 4-5 dina wiwit nganggo dicêm, disèlèh ing lêrah sawadhahe, ana ing longan utawa liyane, nanging aja nganti ngêmbêr, yèn wis 10 dina banjur digorèng sangan, patrape: anggodhog gula krambil kayadene gawe gulali, ana ing cuwo, kèh sathithike manut akèhing kêmiri, upama kêmiri 50, gulane krambil 5 tangkêp, yèn gula mau wis umob mêrambut, kêmiri 50 dicêmplungake, diudhak aja kêndhat, yèn kêmiri wis katon kuning-kuning diêntas, disèlèh ing tebok, gula mau dicêmplungi kapuk randhu rong têkêm, diulêk kang rata, yèn wis rata dijukuki sakêmiri-kêmiri, kira-kira 50 kêmiri, banjur dinêt-nêt ing kêmiri kang mêntas digula mau, malumah utawa mangkurêb, yèn wis lêgok, kêmiri disèlèhake pisan, dadi gula mau kaya patarangan, lumrahe diarani kowèn, nuli angrakêt layah disèlèhi awu kandêle sadim, banjur digênèni ana ing anglo, arênge kang bêcik, arêng kusambi utawa jêruk, yèn awu wis panas, kêmiri sakowène gula disèlèhake sadhuwuring awu, yèn wis sawatara suwene diwalik, sawatara suwene diwalik [diwali...]

--- 1 : 517 ---

[...k] manèh, lan ana kasênêngane dhewe-dhewe, ana kang diwolak-walik lumah-kurêbe, ana kang diwratakake dalah iringe (wêngku) iku ana kawruh panêmune dhewe-dhewe, yèn kowèn gula mau wis gosong, banjur diwur-wuri mênyan madu, yèn mênyan madu ajèr arêp êntèk, diwur-wuri manèh, nganti rambah-rambah, yèn wis tanak, yaiku wis garing lan kêsat, kêmiri diêntas, pangêntase nganggo sapit, sabab panas, kêmiri mau kasèlèh ing tebok, sarta banjur diyêm, 3-4 jam, nuli dibuntêli godhong jarak kêpyar kang kandêl pambuntêle, kabèh kasèlèh ing longan, nanging aja nganti kêna ing amês, antara 10 dina dijukuk, diisis, sarta wis kêna digêdhêgi sabanjure didu.

Sawênèhing priyayi, pangulahe sênêng dibênêm ing mrambut, dene patrape: mrambut disèlèh pangaron gêdhe, sarta digênèni, nganti dadi blubukan, banjur nisir gula krambil kaulêt lan kapuk randhu, kanggo buntêli kêmiri, kandêle kira-kira sairinge dhuwit benggolan, nuli katumpangake ing blubukan mau, lan diwolak-walik, sawise sawatara suwene, diêntas, dikêpêli ing tangan, mrambut balubukan kang ana pangaron dirata, kêmiri sawise dikêpêli ditumpangake ing blubukan manèh, uga kawolak-walik kang warata, aja nganti nisih gosonge, yèn wis rata diêntas sarta dikêpêli manèh, blubukan iya karata kêmiri mau banjur katumpangake ing kono, diwolak-walik, yèn kêmiri ganggang (nom) mung kaping pindho pangêpêle, yèn kêmiri tuwa nganti kaping têlu, sawise diêntas kang kaping têlu, rampung, diyêm sawatara, yèn wis mangêt-mangêt, buntêle dicuwêkana nah,prênah. ing pucuk utawa cocore, kêmiri kacothotake, buntêl mau aja nganti rusak bêdhah, gêni mrambut balubukan dirata manèh, kowèn (buntêl) kang dicuwik kasèlèhake ing blubukan iku, kêmiri ditumpangake ing kowèn, kakurêbake [kaku...]

--- 1 : 518 ---

[...rêbake] utawa kalumahake, utawa didêgake sasênênge kang ngolah, banjur diwolak-walik nganti warata, yèn kowèn wis dadi gêni, diwur-wuri mênyan madu, mung diupaya kukuse angukusana kêmiri, yèn wis kêsat utawa garing, diêntas, banjur didhêm, sarta banjur dibuntêli ing godhong jarak kêpyar, kayadene patrape kang ginorèng sangan, sabanjure padha bae.

Pirantine ngadu, 1. Kêbuk, utawa jênêng pagon, dawane rong elo mètêr, kandêle têlu utawa papat dim, ambane kang têngah 12 dim pêsagi, kiwa têngêne cilik, sakandêle mau, pungkasan kiwa têngên nganggo sikil, ing dhuwur disèlèhi piranti jêpitan, kanggo anjêpit palèpèt, plèpète kayu walikukun, ambane 2 1/2 dim, kandêle 11/2 dim, kang têngên disindik mati, kang kiwa disindik kêna binukak, têngahing palèpèt dibuntêl ing lulang, têngahing kêbuk uga dilambari lulang, kaya kêbuk pangadon kêcik.

2. Kênul, utawa thuthuk, kayu galih asêm, dhapure gilig, pucuk gêdhe, bongkot cilik kanggo cêkêlan, dadi rupane bênggol, padha uga lan kênul kêcik, mung kacèk gêdhe, dawane karo têngah kaki, bênggole kira-kira rong kolong, bongkote kang minôngka cêkêlan sakolong.

3. Jampil, utawa bantalan, piranti lambaran kêmiri kang ana ing dhuwur, yèn kang ginawe lulang dhapure lonjong saukuring kêmiri, yèn kang ginawe bolah dhapure bundêr, kandêle kira-kira sadim, panggawene kayadene gundhan.

4. Kênul panggêdhêgan, kênul mung piranti nuthuki kêmiri siji diplèpèt ana ing kêbuk, arane digêdhêgi, mangêrtine nyoba katosaning kêmiri, kang digawe kênul mau cukup kayu jambu utawa nôngka, utawa liyane, gêdhene [gê...]

--- 1 : 519 ---

[...dhene] saadhine kênul pangadon.

Patraping ngadu, katumpuk ngisor dhuwur, kang ngisor diarani: nyôngga, kang dhuwur diarani ngêncik, adu dhadha, yèn kang ngisor cucuke ana kiwa, cucuke kang dhuwur ana têngên.

Kêmiri kang dhadhane mênjutu jalu utawa sawang, kang lumrah kanggo ngêncik. Kang dhadhane rata, kang lumrah kanggo sanggan.

Kêmiri kang didu mau sawise dipasang, kang duwe ngisor dhuwur wis padha wanine, banjur diblêbêt, yèn wis rampung gone padha notohi banjur dikênul, kang ngênul kang ngêncik, banjur diudhari blêbête, ora nganggo di unthut kaya ngadu kêcik.

Pranatane yèn gêdhêg mung dibanjurake, nganti sapêcahe salah siji, kosok baline manawa pur, sakabèhing totohan bali, dadi jênêng pur lugu.

Patrape gone notohi, yèn wis tandhing padha wanine pêngarêpe pira, kêmiri diplèpèt banjur padha notohi buri, yèn kang ngêncik wis angayati arêp nuthuk, môngka rame totohane, bae ngisor bae dhuwur, gone ngayati lèrèn, yèn wis padha mênêng ora ana totohan manèh banjur diayati arêp nuthuk manèh, yèn wis ora ana kang notohi, panuthuke dibanjurake, sarta banjur dibukak balêbête.

Tanahing kêmiri kang dadi adon iku ing gunung Marapi, jênênge desa Bêdhoyo, ing kono biyèn ana wit kêmiri 3, kang 1 diarani: gêmblong, kang 1 diarani: gambir, kang 1 diarani ponthang. Ing desa Manglu bawah Ngayogyakarta iya ana wite kêmiri, akèh kang ngarani yèn iku pranakan gêmblong.

Titikane kêmiri têlung wit mau, yèn gêmblong sindike cilik, yèn gambir sindike ngringih, yèn ponthang sindike gêdhe cilik.

Caritane kang padha dhêmên kêmiri, kêmiri êlung têlung wit mau kang nanêm Kangjêng Sunan Kalijaga.

Kakarang dening Ngabèi Èsmutani.

--- 1 : 520 ---

Kêmiri:

Kayu kêmiri iku kang ginawe bakal wayang klithik ing padesan, zie P.B. III. 2. zie abdi dalêm Sragèn letl f.

Kamariyah:

' = taun candra

Kêmêruk buntut:

zie wit (krambil)

Kêmarogan:

zie supa letl. a

Kêmarogan:

zie tatahan

Kêmringêt:

zie wit (krambil)

Kêmuda:

trate

Kêmudawati:

Jarit pradan dhasar putih mori kêmplongan, kanggo nglèmèki (= plèmèk) linggihing pangantèn tinumpuk karo jarit abe abon tuwin kêmbang luwih padha jarit pradan dhasar putih mori kêmplongan, mung beda kêkêmbanganing bae, nanging yèn wis dadi tumpukan mung aran siji: kêmudawati.

Kêmit:

zie tawon

Kumitir:

gong kyai… zie monggang letl. a. en zie gamêlan. Mungguh gong Kyai Kumitir mau yasan dalêm P.B. IV. Mung kagêm padinan.

Kêmit bumi:

Abdi dalêm kaparak kêmit bumi pagaweane ngrêsiki sitinggil, sarta jaga kori gapit lor kidul.

--- 1 : 521 ---

Kêmasan:

Kaliwon wadana… 1. Radèn Ngabèi Citradipura, sumare Kleca (kar), 2. Radèn Ngabèi Samaita, sumare Baki Kêpoh id., 3. Radèn Ngabèi Samaita, santun nama, Radèn Ngabèi Citradipura, en zie mas

--- 1 : 522 ---

Kêlir:

Taun 1443 zie wayang purwa rai miring. Kêlir iku kang ginawe mori, ing dhuwur diplisiri jinggaloka sawênèh wulung, kêlir kang ngisor diarani palêmahan, kang dhuwur plangitan, kiwa têngêne ditêkuk [ditê...]

- -- 1 : 523 ---

[...kuk] sarta didomi nganggo lowahan sathithik bakal panggonan galigèn, galigèn iku gilig dawa kang ngisor mancing tlumpah, kang dhuwur mancing gawanganing kêlir. Piranti mênthang kêlir kang dhuwur, kêlir mau ing dhuwur wis mawa piranti kolong kuningan panggonan pluntur (tali) kanggo ngêncêngake kêlir mau, kêlir kang ngisor dikanthili placak kuningan (kolongan nganggo paku) ditancêbake ing gadêbog kang dhuwur, kiwa têngêning sumpingan didokoki piranti kayu panggungan sungsun loro padha dibolongi, iya iku piranti nyumping, antaraning sumpingan kiwa têngên kalowahan, diarani: paseban, ing têngah kapasangan balencong.

Kelor:

zie wit. Wong nglangkahi gagang kelor ora ilok.

Kaloran:

zie Ngimagiri no. 25 kaluran wangsalan Tjent. nitih swara olèh dening surat. Wangsalan Tjent. ingkang binônda olèh dening cinêngkalan.

Kuluk:

Prabu Kandhiyawan iya Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita, karsa yasa agêm-agêman makutha (= kuluk) sarta songkok kagêm ingkang sarira piyambak, sarta para putra apadene para wayah kang pangkat gêdhe, nanging kuluk kang adhasar irêng lan putih, para abdi kalilan nganggo. Sinangkalan swaraning salira luhuring ratu taun Dal 1087.Sengkalan: swaraning salira luhuring ratu (1087 A.J., 1165/66 A.D.). Kuluk kang undhakan dhuwure kaya saiki saka anggite ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. I sinangkalan têrusing guna rasa tunggal, taun Dal 1639.Sengkalan: têrusing guna rasa tunggal (1639 A.J., 1715/16 A.D.).

--- 1 : 524 ---

Kalak ambing:

Wit kalak ambing wit-witan cilik, godhonge sarta kêmbange kaya godhong lan kêmbang kênanga, nanging ambune wêngur godhonge kêna ginawe tômba lara balung kayadene wit tikêl balung, pinopokake.

--- 1 : 525 ---

Kuluk cecetan:

1. Kuluk cecetan iku kanggone abdi dalêm prajurit jêro.

a. Mayor kagêm sowan Sênèn Kêmis sarta saos, kampuhan, dadi ora kagungan kuluk mathak sarta ora tau kagêm nyampingan. b. Kaptin, upsir sapangisor, kanggo seba padinan sarta pameran, nanging ora dodotan, mung bêbêdan bae nganggo cincingan.

Sajrone taun 1838 para wadana kaliwon ngagêm kuluk cecetan, kaya agême para mayor kaptin, upsir mau, mawi ngagêm bêrci, katarane beda apa bupati apa mayor mung saka agême nyamat, dene kang isih karsa ngagêm kuluk bêrci mung siji loro priyagung kuna, kaya ta Rms K. Jayadiningrat R.T. Arjadipura.

--- 1 : 526 ---

Kuluk kanigara:

2. Kang muni ing layang undhang-undhang dalêm P.B. IV katitimangsan ping 5 Jumadilawal Ehe 1716 muni: anane kopyah rêrendan kang adhasar langking mung pêpatih ingsun lan putraningsun, atawa sadulur ingsun kang ingsun kawênangakên nganggo, dene liyane ora ingsun kawênangakên.

Têgêse: kopyah rêrendan = kuluk kanigara, en kang adhasar langking = dhasar bêrci ... Mungguh anane ing jaman saiki ora ana kang kaya mangkono, kabèh nganggo dhasar baludru utawa rondhêgut, dening malah apik rupane lan awèt anggone tinimbang karo bêrci.

Mungguh kuluk kanigara agêm dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, êmas ginèpèng tanpa tatahan = gubêg. Agêm dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, tatahan mawa wêngku. Agême para pangeran putra sêntana dalêm, sarta agême Kangjêng Radèn Adipati, utawa para bupati lan kolonèl kumêndhan tuwin kolonèl twèdhê kumêndhan sarta para mayor nganggo tatahan tanpa wêngku, mungguh kuluk kanigara mau kagêm:

a. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, yèn nuju miyos Sênèn Kêmis sarta tingalan jumênêngan sarta wiyosan. b. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom id. c. Pangeran putra santana dalêm, sowan ing karaton wayah bêngi, nuju tingalan dalêm, sarta tindak jagong marang Mangkunagaran, tuwin jagong marang kapatihan (pikramaning putra dalêm) apadene mêthuk rawuhe Kangjêng Tuwan Jendral Mayor utawa Kangjêng Tuwan Residhèn. d. Pêpatih dalêm, kagêm sabên dina liyane dina Sênèn Kêmis, lênggah ing kantor nindakake padamêlan tuwin lênggah pradata apadene kagêm jagong utawa nglayad marang Mangkunagaran lan liya-liyane, tuwin mêthuk rawuhe Kangjêng Tuwan Jendral Mayor utawa Kangjêng Tuwan Residhèn lan andhèrèk wiyosan dalêm mariksani Balapan.

--- 1 : 527 ---

e. Para bupati, kagêm mêthuk rawuhe Kangjêng Tuwan Jendral Mayor utawa Kangjêng Tuwan Residhèn apadene kagêm jagong utawa layad. f. Kolonèl Kumêndhan, kagêm sowan garêbêg sarta sowan tingalan kampuhan§ mung abdi dalêm panggêdhening prajurit ngagêm kuluk kanigara kampuhan, dening ora kagungan kuluk biru utawa putih. apadene kagêm jagong utawa layad. g. Kolonèl twèdhê kumêndhan lan para mayor, kagêm sowan tingalan kampuhan sarta kagêm jagong utawa layad. h. Pangantèn bubar têmu utawa pangantèn sapasar kêna nganggo kuluk kanigara.

--- 1 : 528 ---

Kuluk kêsting irêng:

3. Kuluk kêsting irêng iku anggone abdi dalêm panèwu mantri rôngga dêmang sarta lurah bêkêl, kanggo padinan sarta pameran liyane malêbu marang ing karaton tuwin seba Sênèn Kêmis, lan kudu manganggo bêbêdan mung lurah bêkêl seba Sênèn Kêmis kêlilan nganggo kuluk kêsting irêng dodotan.

Sajrone taun 1834 ana dhawuh timbalan dalêm (P.B. X) abdi dalêm panèwu mantri sapangisor kalilan nganggo kuluk kêsting irêng seba malêbu ing karaton, nanging iya isih ngore rambut.

Kuluk putih:

4. Kuluk putih iku tumrap prayagung wadana kaliwon lan prayayi panèwu mantri rôngga dêmang sarta lurah bêkêl.

a. Kuluk putih mori gêrusan ingaran: mathak, iku agême wadana kaliwon utawa anggone panèwu mantri rôngga dêmang sarta lurah bêkêl, yèn nuju dina gêdhe utawa seba dina Sênèn Kêmis sarta manganggo dodotan, mung lurah bêkêl ing dina Sênèn Kêmis kêlilan nganggo kêsting irêng sarta kêna bêbêdan. b. Kuluk putih mori tanpa digêrus ngangge dirangkêpi calumpring, anggone abdi dalêm jajar, kanggo pameran utawa padinan.

Kuluk mur:

5. Kuluk mur kuning utawa ijo kêmbang mas anggone abdi dalêm panèwu mantri: lirune kuluk mathak, kanggone mung yèn nuju tungguk utawa seba malêbu ing karaton padinan, lan ora kêna dianggo kalawan bêbêdan.

--- 1 : 529 ---

Kuluk mathak putih:

zie kuluk putih letl a.

Kuluk mathak biru:

zie kuluk biru no.1

Kuluk gêdhah:

6. Kuluk gêdhah (mori kluyon = wêdêl) anggone jajar jaga satru ing kapatihan dhèk jumênênge Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat sumare ing Jabung mandhuwur, barêng jumênênge Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara Ridêring Ordhê Nèdêrlansên leyo sumare Manang: salin putih dadi kuluk gêdhah saiki wis ora ana.

--- 1 : 530 ---

Kuluk biru:

1. Kuluk biru kêmbang gundha mori gêrusan luwih ênom tinimbang lan kuluk biru ênom, tanpa panunggul (nyamat) bêdhahan kabirèn?§ saka sasurupane Ngabèi Wôngsayuda II kang wis ngumur 92 taun sarta kang saiki (1836)[1906/07 A.D.] isih urip, kang aran kuluk kabirèn iku kang têngahe (panggonan nyamat) golong mubêng padha lan ambaning dhuwit igaran, mulane Sampeyan Dalêm ora ngagêm nyamat, dening kuluk kêbirèn mau: bolong (olèh angin). agêm dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

a. Kagêm miyos garêbêg kaping 3 sataun.

b. Jumênêngan patih. c. Adu-adu macan ... Miyos ing pagêlaran.

d. Rawuh lan tuwi Gouf. Gen.

2. Kuluk biru nom nganggo panunggul, agêm dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sarta para pangeran putra pangagême id.

3. Kuluk biru tuwa agêmbeagême. Kangjêng Radèn Adipati…

Agême para pangeran santana nanging kangjêng radèn adipati santana dalêm kêna ngagêm kaya ôngka 2.

DènRadèn. Adipati kampuhan tumênggungan, kunca kasampirake ing ukiran, mung yèn sowan malêbêt ing karaton ngagêm kêpuh. Kampuhane pangeran santana: wangun kasatriyan, kunca kasampirake ing ukiran, kuluk biru mau kagêm sowan Sênèn Kêmis sarta sowan ing dina gêdhe kampuhan.

Pangantèn wênang nganggo… nalika têmune sarta dodotan ngumbar kunca kaampil

- -- 1 : 531 ---

Kuluk bêrci:

9. Kuluk bêrci irêng agême para wadana kaliwon sowan marang kapatihan utawa jagong tuwin anglayad apadene mêthuk rawuhe Kangjêng Tuwan Jendral Mayor, utawa Kangjêng Tuwan Residhèn, lan dhèrèk wiyosan dalêm têdhak mirsani Balapan sapêpadhane. Barêng para bupati kalilan nganggo kuluk kanigara, banjur ora ngagêm kuluk bêrci irêng, kajaba mung kari kagêm sowan padinan.

Kuluk balibar manggis:

Kuluk mathak putih yèn nganggo awak-awak calumpring ingaran: blibar manggis, iku anggone panèwu mantri lirune mathak, anggone mung yèn panuju tungguk utawa jaga nagara, pêrlune kukuh lan awèt kanggone tinimbang karo kuluk mathak, barêng panèwu mantri kadhawuhan salin nganggo kuluk kêsting irêng, kuluk balibar manggis: sirna.

Kalkun:

Kalkun iku bangsaning manuk, ing ngêndi-êndi pulo ana.

Kalakawêt:

kang ingaran ciri kalakawêt, jaran unyêng-unyêngane kawêt kiwa têngên ana, iku bêcik watêke, slamêt sabarang gawe, kang nunggangi ora tau nêmu sangsara.

--- 1 : 532 ---

Kuldi:

Kuldi iku dumunung ing tanah Ngarab lan Mêsir saurute. Kuldi sipate jiblès kaya jaran, mung beda sêmune bae: wêlu sarta idhung lan kupinge dawa. Kuldi kêna dijodhokake karo jaran, anake aran: blastêran, rupane mèmpêr biyung (kuldi) swarane kaya bapa (jaran) S.D. 1834-blz. 218.

Kêlud:

Wong kêkêlud karo tangan, Wong kêkêlud karo jarit ... Ora ilok, dadi pangane Batharakala

Kilat:

zie kilat thathit zie Gathutkaca en

Kulit:

zie abdi dalêm gêrji letl. e Zie abdi dalêm gêrji letl. l, Zie kêbo, Zie srandu

Kulit Kw.:

carma, turila, wacucal, walulang

Kalatinantang (kawruh êmpu):

dhapuring kêris kalatinantang luk 21 kêmbang kacang lambe siji, sogokan sarta grènèng.

Kilat thathit:

weerlicht en bliksen. Kilat weerlicht, thathit weerlicht zonder donder, amuk-amuk, ampak-ampak, tathit, wadyut,

--- 1 : 533 ---

widyuta, widyutmaka, widyutmala, wagyut, wagyuta, wigyutmaka, wigyutmala, lamat-lamat, limut-limut, laban, pracalita, prata.

--- 1 : 534 ---

Klasa Kw.:

sayana, likban, lingkaban, gêlaran. Pêpajanganira dokokana kalasa sisik mêlik? P.R. III 67-1.

Klasa pasir:

Klasa pasir katumpangan babut kagêm pasalatan, lan manèh pasujutan, zie upacara letl. f.

Kalisoga:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. f

Kluwih Kw.:

kaotan en zie wit (kaluwih). Punjuling wilangan wangsalan Tjent. olèh dening luwih.

Kaliwon (wadu aji):

Kaliwon têgêse: kapiji, kuwajibane nampani parentahing bupati, banjur kadhawuhake marang kabayan, wratane marang panèwu mantri sapangisor, lan seba Sênèn Kêmis, tumindak tungguk kêmit, kêna ing laku sarupaning ayahan dalêm tuwin kajibah ngladèkake paturane kalerehane kang katur kabupatèn, ing bab kang magêpokan prakara, kaparingan lungguh bumi desa 2000 karya utawa 500 jung.

Klèwèr:

zie gend. bon. pat. bar. pel.

Klèwèr klungsu:

zie pari

Klèwèr wulung:

zie pari

Kluwak:

zie wit (kucung) trêgalung datan boga, wangsalan Tjent. olèh dening luwak.

Kalawija:

zie abdi dalêm wadon no. 3.

Kluwu Kw.:

kêkuwung, triwana, wangkawa, lêngkawa, mlathi mêrak, klewang, kalawahi, talawak, ngoncol, branang, serang, boji.

Kaliwungu:

pasarean ing…

1. P. Mandurarêja, wayahe Kiyai Agêng Jurumartani ing Mataram.

2 ..., 3 ..., 4 ... Abdi kang padha bela pati

Kalalèn:

(iwak) wangsalan Tjent manggung tan emut = lali

Kala landhak:

zie kicir landhak

Kloloran:

zie suluk letl. b

Kala luwang:

Ciri kala luwang, awaking jaran ana kang katon lêkok tanpa tatu, watêke panas, kang ngingu akèh sangsarane tur gêringan, tan kêndhat nêmu kasusahan.

Kalalung:

wangsalan Tjent. jamang jaja olèh dening kalung

Kalêpon:

zie kêbo

--- 1 : 535 ---

Kalapracik:

Wisaya manuk bêrkutut, utawa dêrkuku ingaran: kalapracik, patrape masang kalapracik, pathoking kala padha tinancêbake ing lêmah, kalane diambakake kolongane, nganggo didokoki pakan bêras, utawa pari, manuk kang doyanane bêras pari padha nêba mrono sarta banjur agahan mangan pakan, ora sumurup yèn kêna kala, kang masang bungah karo andêkêpi manuk.

Kêlap lintah (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kêlap lintah: bênêr, mung ana ing gônja. 2. zie jungkat.

Kalipodhang:

pangulu pangeran… zie pôncaniti no. 30.

Kalijaga:

Sunan… zie wali no. 21. zie kêlir. zie kayon (gunungan). zie topèng, panganggite nalika taun 1508 zie gadêbog. zie balencong.

Kalajongok:

Ciri kalajongok, unyêng-unyêngan jaran magonmanggon. ing gêgêr kaprênah kang katindhihan lapak, watêke panas, kang ngiku ngingu. nêmu sangsara utawa cilaka.

Kaluyu:

Lare kudu milu lunga wangsalan, Tjent. olèh dening kêlayu.

Kilayu Kw.:

kalaju, kalajêng. Lare nututi, wangsalan, Tjent. olèh dening kêlayu.

Kalajêngking:

kiha, karkala, wrisikawikatha, pracika, mracika

Kilayunêdhêng:

zie têmbang gêdhe. laku 22, pêdhotan 5.6.6.5x2 = 42x2 = 84

kadangmu padha / warahên dèn bêcik / besuk amêndhêma / baris prayitna / awya sarônta / wong ing Dwarawati / tinumpêsan iku / awak Pandhawa //

ngandhut marangke / môngsa wurung dadi / mungsuh pan asandi / kewala bêcik / riwusing gunêm / Korawa bubaran / pra ratu pituwa / kilayunêdhêng //

Kaliyasa:

zie abdi dalêm (policie) Surakarta.

Kalinyamat:

Kangjêng Ratu… zie k.g. no. 18. sunan… zie wali no. 15

Kêlêm (kawruh êmpu):

Wêsi kêlêm iku wêsi ala, rupane irêng kasap [kasa...]

--- 1 : 536 ---

[...p] angglugut, ora ana cahyane, yèn dithinthing unine: rung, cilik landhung, sing nganggo akèh lêlarane, lan boros donyane, kêrêp olèh dêdukane wong gêdhe, lan kêrêp bingung, tuwin dibêdho? dèn ngati-ati.

Kalimausada:

kadadian saka musthika jamus, saka sabdane Bagawan Abiyasa, kaparingake marang kang putra prabu Pandhu Dewanata.

Kalamênjing Kw.:

kalanjura, kalmasu, panggula.

Kalamunyêng (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kalamunyêng: bênêr, nganggo sogokan siji, sraweyan sarta ri pandhan.

Kalamunyêng (pasatoan):

kanggo salakirabi saka aksara rongpuluh, pinerang dadi têlu.

1. panduman 7 ha, ra, ta, la, ja, ma, tha, nêptu 1.

2. panduman 7 na, da, sa, pa, ya, ga, nga, nêptu 2.

3. panduman 6 ca, da, wa, dha, nya, ba, nêptu 3.

Jênênging pangantèn lanang wadon pinèt aksarane ngarêp buri, banjur dikumpulake dadi siji, binuwang 5-3, yèn kari 3, tiba pati, 2 tiba lara, 1 urip, utama Tjent.

Klamar:

zie kêbo

Kalamisani (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kalamisani: bênêr, kêmbang kacang lambe loro, sogokan sarta grènèng.

Kalamisani: bênêr, nganggo sogokan loro, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang sarta jalèn, apadene nganggo lambe gajah lan gônja ing buri nganggo grènèng, yasane Sri Maharaja Berawa (= Sang Hyang Kala), nalika jumênêng nata ana sukuning wukir Maendra tanah Tulyan, cêdhak ing Kuwu Balêdhug, kang ingandikakake gawe êmpu Suksêkadi, sinangkalan sirna panasing kuping (230)Sengkalan: sirna panasing kuping (230 A.J., 308/309 A.D.).

Klumpuk:

zie gend.

Kalamumbul:

Ciri kalamumbul, jaran abang duwe unyêng-unyêngan ana ing ambênan, watêke ala, yèn ginawa prang kang nunggang mati dèn amuka ing mungsuhe.

Kalêmbak:

wangsalan Tjent. siti andhap olèh dening lêbak, voorb salêbak takire.

Klambit:

zie kêbo.

Klega:

zie abdi dalêm Bayalali letl. e

Kalagantung:

Wisaya manuk cilik kang saba ing kêkayon, ingaran: kalagantung. Kalagantung iku digantung ana ing êpanging kêkayon, dijèrèng kolongane nanging tanpa pakan, dadi ora pati migunani, arang olèhe.

Kalaganjur:

zie Mrt. (Mat) no. 9.

Klêbèn:

pasarean… Nyai Agêng Pêgêng (= lurung têngah) putrane Kyai Agêng Sela. zie sela no. 3.

Kalabêndu (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kalabêndu luk 27, kêmbang kacang sogokan, lambe siji utawa loro ri pandhan.

Kulibri:

a.b.c. iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih kidul

--- 1 : 537 ---

Kuluban:

Araning kuluban kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki: urang-urangan, adhêm ati, uyah-uyahan, na, carême, cokol, cipir, cèplukan, cêmpirit, combrèng, cungcungbêlut, cangkring, rau, ranti, rajuk, rêmakjun, rêmpêlas, ranggitan, kahwa, kêndhal, kêndhal bandhil, kucila, kaciput, kacang, kara, krokot, karangkong, krangeyan, kakas, katu, kêtos, kawis, kilayu, kapas, kêpêl, kudhu, kêmiri, kêmladheyan, kêmadhuh, kêmangi, kangkung, da, tunjung, tikêl, talêpok, tèpèng, tungkul, so, sêntul, sênting, suru, srunèn, salam, soyar, sambèng,

--- 1 : 538 ---

sêmanggi, sambi, sambirit, sèmbukan, sigunggu, waung, wuku, walikukun, wêdhung, wango, lo, luntas, lirih, latêng, lumbu, lêmbayung, lobak, pohung, pôncasuda, pacing, pucung, prakosa, pakis, poksor, patikan, papasan, putat, popokan, papasan, dhedhetan, dhadhap, jurhun, jalumampang, jalegor, ya, nya, mênyawun, gundhawewehan, gundhang, giyanti, gayam, banci, brus, boros, brambangan, bêstru, blêkêtupuk, balimbing, bayêm, thokolan, nga,

--- 1 : 539 ---

Kalabang:

verk. v. kala abang Kw. Kanaba, sirsa, sirusapa, sangkatha, manggakala

Kalabang anglèng:

Cirining jaran kalabang anglèng, unyêng-unyêngan ana ing bokong têrus marang ing jubur, watêke panas, kang ngingu nêmu sangsara sasikêp rayate kabèh.

Kalabang pipitan:

Cirining jaran kalabang pipitan, unyêng-unyêngan kasasaban ambên, watêke panas, têgêse kalabang pipitan = kala kêcêpit, utawa: kala pipit, ala bangêt.

--- 1 : 540 ---

Klathèn:

bupati pulisi… Radèn Tumênggung Suradirja, munggah dadi bupati pulisi Surakarta, sumare Kajoran (Klathèn) 6 taun

2. Radèn Tumênggung Cakradipura, sumare Ngampèl 1 1/2 taun, 3. Radèn Tumênggung Mangundilaga, sumare Sêmangkak (Kla) 5 taun, 4. Radèn Mas Tumênggung Mangunkusuma: olèh 27 taun munggah dadi pêpatih asma Radèn Mas Adipati Mangunkusuma, 5. Radèn Tumênggung Cakrawadana, mung olèh sêsasi sumare Ngêndho (Bayalali), 6. Radèn Tumênggung Martawadana, munggah dadi bupati jaksa Radèn Tumênggung Jaksanagara., 7. Radèn Tumênggung Mangunnagara sumare Kêbonso (ba) 1 taun, 8. Radèn Tumênggung Sutanagara, 9. Radèn Tumênggung Mangunnagara, 10. Radèn Tumênggung Martanagara: Je 1846.

--- 1 : 541 ---

Klathèn:

bupati pamajêgan ing ... 1. Radèn Tumênggung Mangunnagara, bupati tamping seda sumare ing Kajoran (Klathèn), 2. Radèn Tumênggung Mangunnagara (Suradirja) bupati pamajêgan sarta gunung, sumare id., 3. Radèn Tumênggung Martanagara, bupati pamajêgan sarta galadhag ing Klathèn

--- 1 : 542 ---

Klathèn:

Kutha distrik 2: Totogan, unit distrik, Wêdhi, Pokoh, Gondhang, Bayat

Prambanan: Kêpurun, Manisrêngga, Purwarêja, Samapura

Jatinom: Kragan, Kêmalang, Tulung

Ponggok: Karanganom, Pangkalan, Kuwêl

Ngrêdên: Wanasari, Kêbon Gêdhe, Dlanggu

Bèji: Kalisoga, Cawas, Karangdawa, Cèpèr

--- 1 : 543 ---

Klathèn:

zie abdi dalêm Kalathèn

Klithik:

krucil, zie P.B. II letl. c

Kalang:

zie abdi dalêm kalang. a. kalang ambawahake alas pajatèn, b. kalang ilir, kawajibane nêrês wit sarta ngrampas pang kayu jati, c. kalang èdhèg, kawajibane andhêdhêgi kayu jati kang arêp ditêgor, d. kalang kamplong, kawajibane nawar sagunging kayu jati kang singit-singit

Kalang kamplong (wadu aji) têgêse: kalang anggantung, panggonane ana ing alas bae, gawe ranggon kaya gubug, dumunung ana ing kayu gêdhe kang singit-singit, kawajibane tuduh dalan sajroning alas kang gampang linakonan, kang angèl siningkiran, têgêse kalang: ubêng, kamplong: katela gantung. Kaparingan lungguh bumi desa 100 karya utawa 25 jung.

e. kalang brèt (wadu aji) têgêse kalang brèt: ora duwe panggonan utawa tanpa dunung nunggal lan bangsaning sato alas, kuwajibane yèn ana karsaning ratu: nênumpu sato, kalang brèt mau tuduh ênggoning sato akèh, iku ora kaparingan lungguh bumi, mung sabên olèh gawe tômpa ganjaran arta busana zie punggawa.

Abdi dalêm kalang = margasa (kêthèk) paseban lan patunggukane ana ing alun-alun lor, pagaweane anggarap kayu, bêkakas omah yêyasan dalêm ing karaton, nanging kang dudu ukir-ukiran.

--- 1 : 544 ---

Kalang, bupati:

1. Kyai Tumênggung Brajamusthi, sumare desa Kêcik, c (4)

2. R.ms. H. Toyakusuma, 3. R. ms. H. Ranukusuma ... sumare bawah M.N.

4. R.T. Mangkupraja, banjur jumênêng pêpatih asma lêstari, Radèn Adipati Mangkupraja, sumare ing desa Kuncèn (Banyumas)

5. R.T. Brajadipura, kaundur sadhela

6. R.T. Sêcanagara, kaundur

7. R.T. Brajadipura, katêtêpake manèh, 8. R.T. Rajamênggala, 9. R.T. Sasrawijaya, 10. R.T. Wrêksanagara, 11. R.ms. T. Wrêksadiningrat ... padha sumare ing desa Gêmolong (Sragèn)

--- 1 : 545 ---

Kalung:

zie kambil karajan no. 15, kalung, kêpekan, dirham, pananggalan, bèjèn, bumbungan

Kalong:

Iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah kang hawane panas.

Kalong Kw.:

kirsaka, kalwang, lêngking, gingga, gingguna, ngungking

Kêling:

kêling iku wiji siwalan kang wis tuwa P.R. I 79-3 v.o.

Kulung:

zie kêbo

Kulung ati:

zie kulung ati

Kolang-kaling:

zie wit (arèn)

Kapa:

Wiwite ana prabot jaran aran: kakapa, anggite Prabu Sètmata, raja pandhita ing Mêndhangkamulan, iya ing Purwacarita, sinangkalan: trus gatra kaya lena (399) P.R. II 87-5 = wasupati, Prabu Basukêthi ing Wiratha yasa kêkapa sinangkalan: rêsi gana angraras wiyat (607). Sengkalan: rêsi gana angraras wiyat (607 A.J., 685/686 A.D.).

Kapa iku praboting jaran, padhadene lapak, kang ginawe bakal kayu jaran, kayu kuwèni, kayu mêntaos sapêpadhane kang anduwèni bobot ènthèng, kayu mau kagawe tipis, ing buri ômba pinggire ginawe mayat munggah wangun anglambe dang verk. v. lambe dandang, dilarapi jarit nganggo isèn kapuk, sarungane giligan jarit dibuntêl ing sangkêlat utawa baludru, apuse lawe putih utawa abang iya ginawe giligan, kang kagêm ing ratu aran: cukèn raja, rêrênggane beda akèh, patute kang nunggangi: bêbêdan, kulukan.

Kapi:

zie wit (kapas) kasusastran bawa kapi tumrap ana sangarêping têmbung lingga, kaya ta: kapilare enz. têgêse: katut.

Kupu Kw.:

ran gana, ranggana, rangganaya, karmija, prupawa, trija

Kopi Kw.:

kahwa, kopi katandur sapisan ana ing Batawi, wiji saka tanah Aprikah, nalika ing taun 1696 t/m 1699 sirna dening ladhung. Kopi katandur kang kaping pindho wiji saka Malabar dening tuwan swargi Krun nalika taun 1706 lêstari nganti tumêka saiki D.k. 1907 No. 43.

Kêpuh:

zie kêbo, en zie tali kêpuh

Kapanasan:

zie abdi dalêm pangrêmbe XIII

Kapundhung Kw.:

kalorag, kapundhung wangsalan Tjent. kang tumpang tindhih, olèh dening undhung

Kapêr:

(= daluwang Panaraga no. III) zie daluwang.

Kapir:

Têmbung kapir wong Jawa ngarani wong kang ora têtak, kaya ta: Walônda, Cina, sapêpadhane wong kang ora têtak, iku luput, bênêre, têmbung kapir = ora pracaya, kosok baline mukmin moe'min, kang pracaya

Kapu:

zie kêbo en kara

Kapri:

zie kara

Kapurun:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. c

Kapurancang:

têgêse: pagêr bata kang tinutup barang lancip crènggèh. Idêp ngapurancang. Ngrangsang kapurancang andhodhok ngapurancang.

Kapurônta:

wangsalan Tjent. aninda radin, olèh dening rata

Kêprak:

zie kothak

--- 1 : 546 ---

Kaparak kiwa, bupati…:

1. Radèn Tumênggung Puspakusuma I, 2. Radèn Panji Jayaningrat, munggah dadi patih nama lêstari Radèn Adipati Jayaningrat, 3. Radèn Tumênggung Cakradipura, 4. Radèn Tumênggung Mandurarêja, 5. Kyai Tumênggung Wirarêja, 6. Radèn Tumênggung Puspakusuma II, 7. Radèn Mas Riya Sumadiningrat, ngalih nama Radèn Mas Riya Jayaningrat I, sumare gunung Adêg, 8. Radèn Mas Riya Jayaningrat II, sumare ing Dêrkila, 9. Radèn Mas Riya Jayaningrat III, sumare ing Dêrkila, 10. Radèn Mas Riya Jayaningrat, mantu dalêm P.B. IX, minggah dados bupati bêkêl

Kaparak kiwa:

zie abdi dalêm kaparak kiwa

--- 1 : 547 ---

Kaparak têngên:

1. Radèn Tumênggung Pringgadiningrat, 2. Radèn Tumênggung Sasradiningrat, munggah dadi patih nama Radèn Adipati Sasradiningrat I, seda Batawi, 3. Radèn Tumênggung Sumadiningrat, 4. Radèn Tumênggung Wiryadiningrat, 5. Radèn Tumênggung Purwanagara, 6. Radèn Tumênggung Wiraguna, 7. Radèn Tumênggung Pringgalaya, 8. Kyai Tumênggung Wirarêja, 9. Radèn Tumênggung Sasrawijaya I, munggah dadi patih nama Radèn Adipati Mangkupraja sumare Banyumas, 10. Radèn Tumênggung Sasrawijaya II, munggah dadi patih nama Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat II, sumare Ngimagiri, 11. Radèn Mas Riya Purwadiningrat I, sumare Lawiyan, 12. Radèn Tumênggung Purwadiningrat II, sumare Tinawas, 13. Radèn Tumênggung Purwadiningrat III, sumare Tinawas, 14. Radèn Tumênggung Purwadiningrat IV, munggah dadi patih nama Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun ordhê ing Siyam, 15. Radèn Mas Arya Purwadiningrat V, mantu dalêm P.B. IX, seda sumare Cêmani zie gêdhong kiwa no. 7, 16. Radèn Mas Arya Purwadiningrat VI, mantu dalêm X zie gêdhong kiwa: (Prawira Wiryadiningrat)

Kaparak têngên:

zie abdi dalêm kaparak têngên

Kaparak wadon:

zie abdi dalêm kaparak wadon

--- 1 : 548 ---

Kapirombang:

patih jêro arya… zie pôncaniti no. 10

Kaprabon (katuranggan):

Pacake nunggang jaran ingaran: kaprabon zie letl. a. zie (dodotan) zie dodot no. 1 letl. a

Kopèk:

inya… zie Kartasura no. 53

Kêpêt:

zie upacara letl. f. têsbèh

Kêpêtan:

zie bathikan

Kipit:

Kipit iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, kipit kalêbu bangsaning manuk burcèt, êndhoging kipit angluwihi enak, ngungkuli êndhog pitik, rêgane êndhog siji nganti 30 sèn.

Kèpèt:

zie srandu warôngka wêdhung en srandu warôngka kêris.

Kapitan:

Kapitan Cina Surakarta aran Simpyok, dhèk jamane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V gawe wayang purwa, polane wayang gawean Kartasura kang durung dijujut, sarta dhèk samana akèh wong kang padha gawe wayang mangkono, wong akèh ngarani: wayang padhalangan, gaweane kapitan Cina iku barêng wus dadi salakon, wayah wayang. kabèh mau digêmbledigêmblèng. (= prada) ing awak têkan paraupane, dalah wayang dugangan, buta, kêthèk, jaran, gajah lan prampogan.

Awit saka kumawanine kapitan Cina anggêmblèng wayang sagêlêm-gêlême, waton bôndha kaduga banjur ana dhawuh dalêm larangan zie P.B. IV.

Kaputran, Radèn Ayu… zie k.g. no. 37 en 38

--- 1 : 549 ---

Kapatihan:

wadana parentah pêpatih… 1. Radèn Ngabèi Jaya Endra, sumare Tinawas, Sawahan (pu), 2. Radèn Ngabèi Ònggadirêja, sumare Bulukapitu (Panjêr), 3. Radèn Ngabèi Sasradirêja, sumare Jabung (Kartasura), 4. Radèn Ngabèi Sasradipura, 5. Radèn Mas Ngabèi Sasradipura ... padha putrane Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV

Kapas:

zie wit (kapas)

Kêpis:

Piranti wadhah iwak kali ingaran: kêpis, panggawane ana ing iringan mawa nganggo tali disabukake, kêpis tumèmplèk kaya kêrga.

Kapal:

Kang duwe panêmu sapisan gawe kapal api tuwan Robert Eplon

Kêpêl:

1 kw. gêlungan, 2. wangsalan Tjent. pamuluking bukti

Kapilih:

zie abdi dalêm wadon no. 13

Kapidhondhong:

zie ladr. pel. nem

Kapidhondhong:

zie bathikan

--- 1 : 550 ---

Kèmês:

Kèmês iku bangsaning wêdhus, dumunung ing tanah Switsêrlan, manggon ing pagunungan, kêna diingu ing wong sarana dikrapyak.

Kêmusu:

zie abdi dalêm Bayalali letl. f

Kêmusuk:

zie abdi dalêm Bayalali letl. b

Kêmasan:

zie abdi dalêm kadipatèn letl. k

Kêmil:

ciri kêmil unyêng-unyêngan jaran ana ing uwang, iku ora bêcik, watêke boros.

Kêmilan:

zie kênong

Kumol:

zie kêbo

Kêmalo:

zie abdi dalêm kêmasan letl. k

Kêmlandhingan:

wangsalan Tjent. ngêmbari jurit, olèh dening tandhing

Kamalodin:

pangulu… zie pôncaniti no. 30

Kêmalang:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. d

Kêmpul:

zie gamêlan (ricikan) letl. k

Kêmpul:

zie gamêlan (laras) letl. g

Kêmpul:

' = pananggung, anane kêmpul pananggung iku saka anggit sarta yasane dhewe Panji Inokartapati ing Jênggala, nalika taun 1131 zie Kartapati.

Kimpul:

zie wit. Ing ngisor iki araning kimpul sawatara kaya ta: abon, Cina centhang, talês, arilaya = suralaya (of senthewere) wangèn, laosan, linjik, pari, dhêmpil, jabon, bantênan, bêrèt, brambangan, bêthèn.

Mungguh bangsaning kimpul iku mau kabèh tinandur ana ing pakêbonan, panandure ing môngsa katiga akir, yèn wis pitung sasi kêna kadhudhuk, pangolahe mung

--- 1 : 551 ---

1. cina, 2. centhang, 3. rêbasan = brambangan, 4. talês, 5. sarilaya of suralaya ... papahe wulung, ênthike sathithik, 6. wangèn, 7. laosan, 8. lincik, 9. pari, 10. dhêmpêl, 11. mas, 12. malekan, papahe wulung, ênthike akèh, 13. garpu, papahe wulung, 14. bantênan, 15. bêntul, 16. bêrèk, 17. brambangan = rêbasan, 18. bêtèn, zie Brm 1908 no. 97Hal. 552 kelanjutan dari halaman 550.

--- 1 : 552 ---

digodhog sarta kudu dioncèki kulite kang rêsik, awit kulit kimpul iku anggatêli. Godhong kimpul arane lumbu utawa lompong, enak lamun kinêla.

Kimpul:

wangsalan Tjent. janma kalumpukan, olèh dening kumpul

Kêmpyung:

zie gamêlan (ricikan) letl. s. en gamêlan (laras) letl. i

Kêmpung:

zie kêbo en srandu

Kêmadha:

wiwite ikêt nganggo kêmadha saka anggite ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ing Kartasura, sinangkalan rasa luhur obahing rat (1606). Sengkalan: rasa luhur obahing rat (1606 A.J., 1682/83 A.D.).

Kêmadhuh:

Godhong kêmadhuh kang isih têlês yèn kêgêpok anggatêli, dening ana lugute, panawane pususan (rêmêda)rêmêdan. godhong sembukan, pigunane ginawe ngêmadhuh kêbo yèn nuju diadu karo macan, iya iku kalangênan adu-adu macan ana ing ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun.

Kumba:

kumba-kumba zie sapu jagad kumbah zie sor

Kêmbên:

Ambakali gawe kêmbên iku mori utuh 2 1/2 kacu diparo dadi 5 kacu.

Kumbina:

kang jumênêng nata ing Kumbina Prabu Bismaka (Aryaprabu) sinangkalan: mantri loro umatur (723).Sengkalan: mantri loro umatur (723 A.J., 801/802 A.D.).

Kêmbar:

Bocah lair mêtu barêng sadina, lanang padha lanang utawa wadon padha wadon P.R. I 195 (3).

Kumbarawa (mariyêm):

Kumbarawi (mariyêm):

Iku pisungsunge Raja Siyêm marang Ingkang Sinuhun Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram nalika taun Mèsèhi 1649 utawa taun Isaka 1577.

Kêmbar mayang:

Pangantèn nganggo kêmbar mayang, iku agama Wisnu P.R. II 27-6 v.o.

--- 1 : 553 ---

Kumbakarna (padhalangan):

Wandane Kumbakarna têtêlu

1. barong, 2. macan ... padha mripat loro

3. mêndhung, mripat siji

Kumbawikumba (mariyêm):

Mariyêm Kumbawikumba, iku yasane Ingkang Sinuhun Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, kang gawe Walônda saka ing Jakarta Batavia nalika taun Mèsèhi 1629 utawa taun Jawa 1567.

Kambil karajan: [k...]

--- 1 : 554 ---

[...arajan:]

Ing ngisor iki araning sawiji-wijine kambil karajan, saka gambar jaran wayang, kaya ta:

andhong ... no. 21 sumping ... no. 2

adêg-adêg ... 35 sônggarunggi = sôngga wêdhi ... -

ole-ole ... 24 en 30 sônggawêdhi = sônggarunggi ... 32

ulur-ulur ... 33 walangkadhak ... 5

apus ... 14 wangkong ... 28

apus dhadha ... 22 lèrèp ... 34

apus buntut ... 27 larab ... 16

èbèg ... 35 parang = èbèg ... -

carang ... 29 plisir ... 18

kêndhali ... 11 juluk ... 1

krêkas ... 20 godhèg ... 12

klanthe ... 9 banyon ... 17

kalung ... 15 banyak ... 10

kêpuh = tali kêpuh ... - brangus ... 6

kadhal ... 27 badhong ... 23

tali uwang ... 8 bathukan ... 4

tali kêpuh ... 19 bungkul ... 3,25 en 31

sêsêr ... 7 zie gambar jaran ...

--- 1 : 555 ---

Kumba pucuk:

zie kênong

Kêmboja (kawruh êmpu):

Wêsi kêmboja iku otote kaya gadhung pating karênyêp, rupane putih mrusuh, yèn dithinthing unine: ngo, ngo, sajroning rungon ana rungon manèh: thing, ngang, ngang, dawa, iya iku kang dadi anaking wêsi kabèh, asale saka watu selan, watêke kaya wêsi purasani, nanging ora kêna dikumpulake lan wêsi seje, karêpe: dhewe, ora gêlêm ginawe dhêmênan, agêdhe bekane, ora kêna ginawe nyênyolong, utawa mêmaling,§ maksudipun kula botên ngrêtos, mokal asiha dhatêng durjana. Padmasusastra. karêpe kaya ratu, sapa kang nganggo ditrêsnani ing wong akèh, lan ora kêna ing susah, karêpe mung suka- suka, ngluwihi ampuhe. Pangane kayu cêndhana lan kayu tanjung, karo balung ayam alas lan [la...]

--- 1 : 556 ---

[...n] balung rase, didhêplok banjur diwur-wurake karo lênga dhèdhès lan lênga trênggulun.

Kêmboja:

en malik. Wêsi kêmboja awor lan wêsi malik, katon mrusuh amêrkutuk, grayange kasap asamun, yèn dithinthing unine: thong, ngang, ngang, yèn dhapur luk, ana kasugihane, nanging kêrêp padu lan bojone, yèn dhapur bênêr akèh bilaine dèn ngati-ati.

Kêmbang:

zie abdi dalêm pangêmbang

Ing ngisor iki araning kêmbang sawatara pêthikan saka layang Jz. I 266-1 v.o. winuwuhan saolèhe sarta wis tinurutake dêntaywanjanane, kaya ta:

andong - orok-orok, arumdalu, angsana, anggrèk - noja, abang, kuning, wungu, putih, - nagasari - cêpaka, abang, kuning, wungu - cêpaka mulya - cêpaka gondhok - cêpaka gadhing - cêplik -

--- 1 : 557 ---

cêplok piring - cubung, wungu, putih, - cènggèr - rusuh - rêjasa - rêmbuyut - ragaina, wungu, putih - rêgulo, rus, têlèk, pèrsi, jawa, mawar - kanigara - kênanga - kanthil, abang, kuning, putih zie cepaka - kalak - kalilika - kapurônta - kêmuning - kêmbang jalak = plasa - dewadaru - dalima wantah - dalingsêm - dangan - tanjung - tunjung - têrnini - trikancu - trateh - tutut - tluki -

--- 1 : 558 ---

tlutur - tlasih = sulasih - têlêng - tapakdara - tômba untu - tongkèng - sundêl malêm = sêdhêp malêm, verh I W.149-2 - sruni - srunèn - sridênta = srigadhing - srigadhing = sridênta - soka - soka rênuk - sulasih = salasih = tlasih B.T.D. 163-11 - sumarsana - sempol - sêmboja - sungsang - sônggalangit - wratsari - wratsiki = warsiki - warsiki = wratsiki - wora-wari rumpuk - wora-wari bang - widuri - widasari -

--- 1 : 559 ---

wungu - wonga rumpuk - wonga raga - wonga tali - landêp - lara kêndhat - pacar cina - pacar kuku - pacar banyu - prabusèt - patramênggala - puspanyidra, warna-warna - pudhak êri - pudhak sili - dhaliyah, warna-warna - janti - jalanthir - jalamprang - jagasatru - mênur, lômba, sungsun - môndhakaki - mênyawun - mas kinikir - mlathi - mayang - mangunêng - glagah -

--- 1 : 560 ---

gadhung - giyanti - gambir, abang, putih - burbanagara - blanggrèng ( kêmbang kopi ) - bopong - bangah.

--- 1 : 561 ---

Kêmbang:

Araning kêmbang kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki:

andong, orok-orok, arumdalu, angsana, anggrèk, noja, nagasari, cêpaka, cêpaka mulya, cêpaka gondhok, cêpaka gadhing, cêplik, cêpokpiring, cubung wungu en putih, cènggèr, rusuh, rêjasa, rêmbuyut, ragaina, rêgulo, kinikir = maskinikir, kanigara, kênanga, kanthil = cêpaka, karandhang, kasumba, kalurak, kalak, kalilika, kapurônta, kumuning, kêmbang jalak(= plasa), dewadaru, dalima wantah, dalingsêm, dangan, tanjung, tunjung, turi, têrnini, trikancu, trate, tutut, tluki, tlutur, tlasih = sulasih, têlêng, tapakdara, tômba untu, tongkèng, sundêlmalêm, sruni, srunèn

--- 1 : 562 ---

srigadhing, soka, soka rênuk, sulasih = têlasih, sumarsana, sempol, sêmbuja, sungsang, sônggalangit, wratsari, warsiki, wora-wari abang, wora-wari rumpuk, widuri, widasari, wungu, wongarumpuk, wonga raga, wonga tali, landêp, larakêndhat, pacar, pacar cina, pacar banyu, prabusèt, patramênggala, puspanyidra, pudhak êri, pudhak sili, dhaliyah, janti, jalanthir, jalamprang, jagasatru, mênur, môndhakaki, mênyawun, maskinikir = kinikir, mlathi, mayang, mangunêng, galagah, gadhung, giyanti, gambir: abang putih, burbanagara, blanggrèng (= kêmbang kopi), bopong, bangah

--- 1 : 563 ---

Kêmbang:

Araning kêmbang pêthikan saka layang Cênthini mawa wangsalan, nalika Sèh Amongraga mênyang Wanamarta arêp kêtêmu karo Kyai Agêng Bayi Panurta, sarta wis kaurutake dêntaywanjanane kaya ing ngisor iki:

orok-orok, mangan ujar = olok- olok

nagasari, sarwa sênên, sari = sênên

cêpaka, kawakan?

rêmbuyut, kakining bapa = kaki buyut

ragaina, cacading badan = badan cacad

ragakêndhat = rarakêndhat, spr prawan mati bela = ngêndhat

rêgulo, amandhi angkuh = rêgu

--- 1 : 564 ---

kênanga, bonang kêpêncil = kênong

karandhang, sahing laki = rôndha

kalurak, kang kabônda = cinêngkalak

kilayu, nututi = kêlayu

apurônta, paninda radin = rata

kêmuning, kapita = pita = kuning

dalima wantah, prang tandhing = prang wantah

dangan, kasêntana = kadang

tanjung, angkatan = anjunjung

turi, netra arip = turu

talutur, kang asung warti = tutur

têlêng, ningali = andêlêng

sundêl malêm, jêjamahan = sundêl

saruni, tan patut ing gêndhing = saru

sridênta = srigadhing, dênta kw. = gadhing

sempol, pondhoh cêngkir = êmpol

sungsang, kang kasumpah = sangsara

wratsiki, bobot = wawrat K. bobot, N

wora-wari, anggung liwat = wira- wiri

widasari, gôndawani

wungu, panggugah mantri = wungu

wong arumpuk, janma sungsun = tumpuk

wong araga, janmantri ?

--- 1 : 565 ---

wong atali, kêtambang = kêtali

pacar, pisahing prênah = palang

pacar banyu, kapisah ing toya

purbanagara, mêngkupraja = murba

prabusèt, mata ngisor alis

puspanyidra, linyok = cidra

pudhak, wiraga

jalamprang, jabung payudan = anjalomprongake

jagasatru, jaga mungsuh

mênur, panambang pêksi = kênur

môndhakaki, janma sêpuh = kaki-kaki

maskinikir, kêncana rinumpaka

malathi, kang waja jamus = untu irêng = lathi KI sisig, k. N.

mangunêng, tanpa ngucap = mênêng

giyanti, mandhêg anolih = nganti-anti of ngêntèni

gêmpol, ngisoring wêntis = kempol

gambir, kang ati bigar = gambira

bopong, kang pinanggul = ambopong ...

Kêmbang Kw.:

kusuma, santun sari, sêkar, puspa, puspita

Kombang:

zie tawon

Kombang Kw.:

sadpada, lyali, poali, madukara, madubrôngta, bramara

Kêmbang asêm:

zie bathikan

Kêmbang asêm:

klawêr zie bathikan

Kêmbang kênthang:

zie bathikan

Kêmbang kacang Kw.:

srandu kêris

Kêmbang kapas:

zie bathikan

Kêmbang dara:

zie gend.

Kêmbang dlima:

zie bathikan

--- 1 : 566 - --

Kêmbangan:

Pratelan cariyosipun juru andamêl sinjang sêkaran ing Aryasubratan, kala swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, andhawuhakên dhatêng juru nyêkar sinjang saha ngêcèt, kados ing ngandhap punika.

[grafik]

sinjang sêkaran, pinggir biru têngah ijêm kawastanan lumut kentir.

[grafik]

sinjang sêkaran, pinggir ijêm, têngah biru kawastanan lumut samodra.

[grafik]

sinjang sêkaran pinggir pêthak, têngah biru kawastanan satriya muja. Kapirit guwayanipun satriya manawi muja, biru kinubêng pêthak. Ananging ugi wontên juru nyêkar sinjang amastani sêkar bênguk, botên cocok kalihan sêrat sinjang sêkaran, sêkar bênguk, pinggir wungu têngah biru.

[grafik]

sinjang sêkaran, pinggir pêthak têngah cêmêng kawastanan garudha manglayang, kapirit wayanganipun paksi garudha manawi nglayang, ing têngah cêmêng pinggiripun katingal pêthak. Sêkaripun wit-witan ingkang ulêsipun pinggir pêthak ing têngah cêmêng, punika sêkar tulupan, wangun kados sêkar kêcubung, nanging wiyar saha panjang sêkar kêcubung.

Para juru nyêkar sinjang botên nyuwawèni sangêt, manawi pinggir ijêm têngah biru kawastanan candhikayu.

Dhawuh dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, ulês candhikayu punika jêne byur sulak amaya-maya.

Tanggal kaping 17 wulan Sawal taun Ehe ôngka 1828.

Jagapustaka

--- 1 : 567 ---

Kêmbang tanjung:

zie ladr. slend. pat. sng.

Kêmbang teja:

zie ladr. slend. pat. manj. en zie gend

Kêmbang têmu:

zie tatahan

Kêmbang tiba:

zie gend. slend. pat. nem.

Kêmbang sapasang:

sadulur loro padha wadon, P.R. I 196 (19)

Kêmbang latêng:

zie bathikan

Kêmbang luwih:

zie kumudawati

Kêmbang lampir (Banyudana):

Ing ngisor iki pratelane kang sumare ing astana Kêmbang Lampir (Banyudana) Bayalali.

1. Kyai Agêng Pugalan, 2. Nyai Agêng Pugalan, 3. Sèh Sitijênar

Enggone Kyai Nyai Agêng Pugalan olèh paring dalêm sadranan, nalika Kyai Agêng Pamanahan martapa ana ing guwa Kêmbang Lampir (Karangkulon) iku kang jaga rumêksa Kyai lan Nyai Agêng Pugalan.

Kêmbang plasa:

zie kêbo (sungu)

Kêmbang pepe:

zie ladr. slend. pat. manj.

Kêmbang jarak:

zie nalika Kangjêng Gusti P. Mangkubumi I kendhang, ngagêm nyamping kêmbang jarak, mulane kagungan prasapa putra wayahe ora kêlilan nganggo jarit kêmbang jarak.

Kêmbangmara:

zie gend. bon. pat lima pel. tukang ngêmbang zie abdi dalêm wadon no. 41

Kombangmara:

zie gend. bon. pat. lima pel.

Kêmbang manggar:

zie bathikan

Kêmbang manggar:

zie tatahan

Kêmbang gayam:

zie gend. slend. pat. manj.

Kêmangi:

wangsalan Tjent. kudu amrik = wangi

Kêmôngga Kw.:

umêng, umênggêng, kyaksa, kamamangga, warmata, gumênggêng

Kagok:

zie ladr. pel. lima

Kagok Madura:

zie ladr. slend. pat. song.

Kagok Madura:

en gend. gender

Kagèt:

zie baladewa

Kuguwa:

Kuguwa iku bangsaning macan, dumunung ing tanah Aprikah têngahan, môngsa daging

Kagaluwan:

sunan ... zie wali no. 33

Kib:

Kib iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngah.

Kabo:

panêmbahan ... zie wali no. 44

--- 1 : 568 ---

Kêbo:

Kêbo iku khewan kang lulut, mulane diarani: rajakaya. Wong tani padha ngingu kêbo, dirakiti ginawe anggaru maluku sawah lan patêgalane, tikêl satus tinimbang yèn dipacul dhewe. Kêbo iku dhêmênane ana ing jêblogan, kayadene iwak, ora bêtah ing panas, mulane yèn ginawe grobagan, lumaku ing dharatan, awake dipyur-pyuri banyu. Kêbo lanang kang bêcik dhapure sarta kang lêmu awake diarani pêlèn, kêbo wadon mung bisa manak sapisan ing dalêm sataun, sarta anake mung siji, durung ana kang kêlakon kêbo bisa manak loro kayadene manungsa manak kêmbar. Pakanane kêbo sukêt utawa rèndèng, yèn wis warêg banjur anjêrum, sarta anggayêmi. Anggayêmi iku pakane kang wis kolu diutahake sarta banjur digilut nganti ajur èmêt, wusana diulu, tumuli mêtokake manèh kang anyar sarta banjur digilut kaya kang uwis. Mangkono ing sabanjure.

Kêbo iku yèn nuju ora dimagawèkake esuk sore diingon, yèn esuk wayah jam 6 yèn sore wayah jam 3, iku kalêbu ing wayah aran: bocah ngucul, yèn mêntas diêngon ing wayah esuk ulihe jam 11 awan, uga kalêbu ing wayah: bocah giring, wisan gawe of pêcat sangêtpêcat sawêt. (= jam 11 awan) kêbo iku banjur diplegungake ana sangisoring wit-witan, ana ing kono padha anjêrum sarta anggayêmi, dene yèn giring ing

--- 1 : 569 ---

wayah sore jam 6 banjur dilêbokake ing kandhang, kêbo iku banjur turu ing jêblogan sajroning kandhang ora bisa dhahas, mulane sok dibêdhiyangi supaya ora dirubung ing mimik utawa dicakoti ing lêmut, kêbone bisa turu. Iwak kêbo iku ora pati enak yèn tinimbang karo iwak sapi, nanging wong Jawa akèh kang karêm marang iwak kêbo saka wis taune.

Para panjênêngan nata rêmên kalangênan adu-adu (kêbo lan macan) dadi pakurmatan rawuhe para agung kang tinamu-tamu. Kêbo dadi kuwajibane abdi dalêm […]Tidak terbaca. macan: abdi dalêm anggandhèk, pangadone ana saloring pagêlaran […]Tidak terbaca. sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan miyos pinarak […].Tidak terbaca.

Pêthèk ala bêciking kêbo kang kêna diadu karo macan, saka gêdhening ati, karosan lan ulahe, kajupuk saka saranduning awake. Pratelane kaya ing ngisor iki:

gêdhening ati katêngêran ôngka rum I

karosane katêngêran ôngka rum II

ulahe katêngêran ôngka rum III

kaya ta:

untu, kang cilik-cilik sarta warata, watêke ora kakon atèn (pêthèk I ati)

andhêman, kang jêmbar (dhadha) watêke nguwatake pangarêpan (pêthèk II karosan)

irung, kang ciyut dawa, watêke landhung napase (pêthèk III ulah)

idêp, kang rêmpêg lômba, watêke ora kagêdhèn napsu (pêthèk I ati)

ilu, kang pêra bêning, watêke ora riwut kanêpsone (pêthèk I ati)

ula-ula, kang mapah gêdhang, watêke rikat aju unduring tingkahe (pêthèk II karosan)

ilat, kang kumêl cêkêle lunyu, watêke ajêg napsune (pêthèk I ati)

ulat zie praya

alis, kang turut lan wulune, watêke ora cilikan atèn (pêthèk I ati)

iga, kang landhung warata, watêke narik marang kuwating adêg (pêthèk II karosan)

ugêl-ugêling tracak, kang gêdhe, watêke rosa akèh pratingkahe (pêthèk III ulah)

catu, kang sirung jênggunganing tracak, watêke kukuh tumapak ing lêmah (pêthèk II karosan)

calung, kang dawa (dalèr lêkiking pupu ngarêp tutug iringaning andhêman têpung ing gulu), watêke luwês panggiware (pêthèk III ulah)

coblong, kang jêro (lêgok sadhuwuring alis) watêke têtêg (pêthèk I ati)

cêthik, kang mungal (sadhuwuring kêmpung) watêke rosa prigêl panyepake (pêthèk III ulah)

cithak, kang mubêng ngiwa (unyêng-unyêngan ana ing bathuk)

--- 1 : 570 ---

...

--- 1 : 571 ---

...

--- 1 : 572 ---

Kêbo dumunung ing tanah Asiyah. Ciri-cirining kêbo cacah sarta manggone ora tartamtu, dadi ora kaya ciri-cirining jaran.

Kêbo Kw.:

andanu, andhanu, karbwita, danuka, sityaka, sawana, maesa k., mundhing, miswa, gopaka, gomi, banjaran, bêdhagas, andanu kalamurti anake Puthut Jantaka M.M. 34-7

Kabèh pangulu:

P… zie P.N. no. 35

Kêbon dharat:

zie abdi dalêm kêbon dharat

--- 1 : 573 ---

Kêbo nêmpuh (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kêbo nêmpuh luk 3, grènèng buri tutug ing pucuk.

Kêbon gêdhe:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. i

Kêbo nabrang (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kêbo nabrang luk 15, lis rangkêp têkan pucuk.

Kabor:

zie gend. reb. pat. nem. pel. en gend. gender.

Kabareyan (Pacitan):

Tilas kadhatone Prabu Arjunasasra, nalika cangkrama marang ing pulo Jawa kèndêl ana ing kono banjur kinarya kutha Kojor zie Tjent. gunung, guwa, rawa en zie sèngklèh.

Kêbuk:

zie kêbo voor maras

Kêbo danu:

zie balencong

Kèbèt:

zie kêbo

Kêbo têki (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kêbo têki: bênêr, cêndhak, ômba, kêmbang kacang lambe têlu sarta grènèng.

Kêbut lar manuk dewata:

zie upacara letl. f. Kêbut lar badhak sarakit zie upacara letl. f

Badhak iku manyura lanang, kêbut sarakit êdhênge wolung buntut […]tanda [...] dalam paragraf ini teksnya tidak terbaca. sarekê[…] kêsting, utawa sutra, gara[…] japitan wêsi tlakup[…] mas, gara[…] aran bungkul […] wulu ing dhuwur […]ran. Cawanga[…] têngah aran […]piyok […]sor karan […] utawa […]wul kang watê[…] aran pangan, kabèh iku araning wulu badhak.

Kêbo soka (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kêbo soka luk 3 nganggo jenggot, kêmbang kacang, lambe siji, sogokan banjur.

Kêbo lajêr:

Kêris dhapur kêbo lajêr:

1. bênêr nganggo pejetan, gônja ing buri nganggo grènèng. 2. dhapur carubuk luk pitu nganggo pejetan. 3. dhapur paniwèn nganggo sogokan dawane sak luk nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, nganggo rôndha nunut. 4. dhapur singa anjongok linggih ing gônja ngarêp, sadhuwuring singa nganggo tikêl alis, gônja ing buri nganggo grènèng.

Kêris warna papat mau yasane Prabu Dwastharata ing Ngastina (putrane Prabu Krêsna Dipayana Bagawan Abiyasa) kang kinon anggarap êmpu Mayang, sinangkalan buta loro anggêru (725).Sengkalan: buta loro anggêru (725 A.J., 803/804 A.D.).

Kêbo lanang:

Araning gong kanggo yèn ngadu lan ngrampog macan, kanggone: sadurunge Kyai Baung dadi, sarta kanggo jogède abdi dalêm wirèng tamèng towok ana ing karesidhenan, yèn nuju taun baru utawa taun raja, kalikanalika. jumênêng dalêm P.B. IV.

--- 1 : 574 ---

Kêbo dhèndhèng:

Dhapuring kêris kêbo dhèndhèng luk 7 sogokan dibolong kabèh.

Kêbo dhêngên (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris kêbo dhêngên, luk 5 nganggo kêmbang kacang, lambe siji, sogokan banjur kêlap lintah.

Kabayan:

zie abdi dalêm kadipatèn anom letl. l

Kabayan ayêr:

zie abdi dalêm kapatihan letl. k

Kabayan nagara:

zie abdi dalêm iku

Kêbo gêrang:

Wangsalan Tjent. pacul kêtuwan olèh dening gêrang.

Kêbo gadhung:

zie abdi dalêm kêbo gadhung

Kabangan:

' = endranatan (Sala) pasarean… R. Arya Endranata, mantu dalêm (Pr., M.Rt. Kartasura) putri dalêm anama R.A. Rêmbe: pêgat dening kinarangulu marang kang bok ayu piyambak k. R. Madurêtna, randhane Panêmbahan Sidamukti ing Madura.

Kobongan:

' = patanèn. Pangandikane Dèwi Sri marang Nya[…]Tidak terbaca. Ki Buyut Wôndha ing desa Karanglêngki, mangkene.

Kêthi (wadu aji):

têgêse: godhong

Kêthèn:

zie gamêlan (ricikan) letl. r zie gamêlan (laras) letl. h. zie kênong. zie lokanônta, kêthuk = sôngka kw.

Kêthèk:

Kêthèk iku rupa-rupa, kaya ta:

a. kêthèk cumplung, pasabane ing alas tanah Asiyah, mulane diarani: kêthèk cumplung amarga raine kaya cumplung wong, mangana?mangane (dan di tempat lain). b. kêthèk tukung, pasabane ana ing alas tanah Amerikah sisih kidul mangan woh-wohan. c. kêthèk singabarong, pasabane ing alas tanah Indhu ngarêp, mulane diarani kêthèk singabarong amarga wulune siwar sarta rupane kaya singabarong, mangana ?

--- 1 : 575 ---

Kêthèk iku khewan […]Tidak terbaca. ing uwong, kang kêna kacêkêl sarta diingu kudu ditalèni walulang wêtênge sangisoring wudêl, ngaluwêng gonggang banjur dikanthèti rante wêsi, iku kang ginawe nancang, yèn dijodhokake sanadyan ana ing cancangan iya bisa manak, anake yèn durung gêdhe tansah ngamplok ana ing wêtênging biyangne, pakanane rijêki utawa woh-wohan, iwak mêntah matêng ora doyan, nanging ing Saprapat (Juwana) ana kêthèk nganti atusan manggon ing ara- ara, kaapit ing bangawan cawang kang padha anjog dadi sawanganing sagara ing Juwana, ing ara-ara iku ora ana cêcukulan wit taun kang wohe enak pinangan. Kêthèk-kêthèk iku kêpêksa padha mangan iwak loh, pangamèke sarana gogo, yèn mrangguli êrong disogok ing buntute yèn buntut iku krasa cinapit ing kapithing utawa rajungan, banjur didudut alon-alon, yèn wis katon mêtu saka ing êronge enggal didêkêp sarta ginawa mêntas sinuwèk-suwèk banjur pinangan.

Pakartining kêthèk mèmpêr manungsa, bisa metani lan anggugut tuma, kêthèk lanang gêthing marang wong lanang nanging dhêmên marang wong wadon, mangkono uga kosok baline kêthèk wadon gêthing marang wong wadon, dhêmên marang wong lanang, grêgête

--- 1 : 576 ---

[…]Tidak terbaca. ana sing kalakon ing kampung Natabratan ana wong ngingu kêthèk bangkokan lanang ucul, ora kêna dicêkêl, nuju sumurup wong wadon adus wuda ana ing pakiwan digrêjêg wani marang kêthèk bangkokan iku, sapira kagète lan gilane wong wadon iku, kitrang-kitrang anjêrit sarosa, sanalika ing kono gègèr, enggal dipitulungi ing akèh, kêthèk bangkokan dibêdhil mati ngênggon, iku kang agawe pratôndha yèn niyating kêthèk marang manungsa ora bêcik.

Wong ngingu kêthèk adate dicancang ana ing gêdhogan. Prasasat ngêmiti jaran ora gampang jinupuk maling, awit yèn ana wong cêdhak gêdhogan banjur cuwèt-cuwèt.

Bangsaning kêthèk warna-warna kaya ta:

rangutan (orang uttan), wawa, lutung

--- 1 : 576 ---

d. kêthèk pandhita wulu irêng, pasabane ing tanah Asiyah utawa Amerikah. Mulane diarani kêthèk pandhita, amarga wujude ngrogok kaya pandhita ing tanah Eropah. e. kêthèk pandhita wulu abang, pasabane ana ing alas tanah Aprikah utawa Asiyah. f. kêthèk badhut, pasabane ana ing alas tanah Amerikah, mulane diarani kêthèk badhut, awit tênagane kaya badhut

Kêthèk:

Anjana, anjani, rewônda, kênyung, kêra, kapi, kuthila, kuthilapas, wanara, wre, plawaga, palwaga, juris, munyuk, monyèt, gocara bruk, biwês zie lutung.

Kothak (padhalangan):

Anane kothak wayang purwa anggite Sinuhun Bonang, dhèk jaman Dêmak 1443 zie wayang purwa rai miring.

Kothak wayang iku lumrahe kayu durèn,surèn. nanging kothak kagungan dalêm nganggo diplipit ing kuningan, prênah ing pojokan lan urut pinggir ngisor dhuwur dalah satutupe pisan, iku ingaran rukmèn, sarta kalêbu ing larangan, kothak padhalangan sanadyan kagungane para gusti padha lugas bae.

Kothak iku ing jêro disinggêt mung sapara limaning ujure, piranti panggonan kêprak lan cêmpala apadene bantalan piranti ganjêl èblèk, èblèk iku lêt-lêtan panggonan wayang sagolongan-sagolongan, dene èblèk i-Dilanjutkan pada hal. 578, hal. 577 bukan kelanjutan dari halaman 576.

--- 1 : 577 ---

Kothekan:

Kothekan iku kang diarani: gamêlan kathoprak, gêndhinge rupa-rupa kaya ta: asu gancèt, cèlèng kêwêngèn, cèlèng mogok, rôndha nênun, kupu tarung, kopyah ilang, wayangan, pitik sinambêr wolung, dhudha ngasak, dhongklak, jathilan, gunungsari, bêrkutut manggung, buta êngklèk, bluluk tiba, babon angrêm

Kaimpun saka palapurane R.Ng. Wôngsapranata panèwu dhêstrik Dilanggu sarta D.K. 1907 no. 43Hal. 578 merupakan kelanjutan hal. 576.

--- 1 : 578 ---

ku anaman wilah dibuntêl ing mori, dhasaring kothak didokoki lar bathakbadhak. pakolèhe ngêdohake rêngêt.

Panataning kothak ana kiwaning dhalang, tutupe ana têngên, lowahaning kothak lan tutup dadi palinggihaning dhalang, ambane kawatêsa ujuring gêndèr kang ana ing buri.

Kathêkêr:

zie wit (salak)

Kutha Klathèn:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. b

Kutha Surakarta:

zie abdi dalêm Surakarta letl. b

Kutha Sragèn:

zie abdi dalêm letl. bupati

Kutha Sukoharja:

zie abdi dalêm Sukoharja letl.b

Kuthawindu:

Sajumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV, yayasa. gamêlan salendro, kaparingan aran Kiyai Kuthawindu.

Kuthawaru (Kuwu) pasarean…:

R. Aryo Ônggakusuma, putrane Ki Mandurarêja, wayahe Nyai Agêng Saba zie sela no. 4

Kuthawèsthi:

Ciri kuthawèsthi, unyêng-unyêngan loro jèjèr ngapit irung, luwih dening ala, kang ngingu ora kongsi gantalan dina nêmu sangsara.

Kathiprak (padhalangan):

Kathiprak iku araning têtabuhane wayang bèbèr sarta gêdhog zie bèbèr lan gêdhog

Kathoprak:

P.R. II 10-6 vo en zie kothekan

Kuthagêdhe:

zie abdi dalêm Ngimagiri letl. b

--- 1 : 579 ---

Kuthagêdhe pasarean…:

Ing ngisor iki pratelane para lêluhur dalêm ing karaton Surakarta lan Ngayogyakarta kang sumare astana Kuthagêdhe, kaya ta:

1. Nyai Agêng Nis, ingkang ibu Kyai Agêng Mataram (= Pamanahan). 2. Pangeran Jayaprana (= Susuhunan Adilangu) wayahe Susuhunan Kalijaga zie wali no. 3. Kangjêng Kyai Dhatuk Palembang (= Sultan Pajang) kang wus sumare ing Butuh kapindhah marang Kuthagêdhe. 4. Kyai Agêng Mataram (= Pamanahan). 5. Nyai Agêng Mataram (= Pamanahan). 6. Nyai Agêng Pathi, garwane Kyai Agêng Pathi (= Mas Panjawi). 7. Adipati Môndaraka (Ki Juru Martani). 8. Panêmbahan Senapati Ngalaga

9. Pangeran Gagak Bahning, 10. Pangeran Mangkubumi ... Ingkang rayi Panêmbahan Senapati

11. Pangeran Sukowati, ingkang rayi ipe Panêmbahan Senapati. 12. Pangeran Martasana. 13. Pangeran Singasari, ingkang rayi Panêmbahan Senapati. 14. Pangeran Mangkunagara, ingkang rayi ipe Panêmbahan Senapati. 15. Pangeran Têpasana, ingkang rayi Panêmbahan Senapati. 16. Tumênggung Mayang, ingkang rayi ipe Panêmbahan Senapati. 17. Kangjêng Ratu Rêtna Dumilah, ingkang garwa Panêmbahan Senapati. 18. Kangjêng Ratu Kalinyamat, ingkang garwa Panêmbahan Senapati. 19. Radèn Rôngga, ingkang rayi Panêmbahan Senapati

(Ing babad R.R. mau putra saka Kalinyamat)

--- 1 : 580 ---

20. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Anyakrawati Seda Krapyak. 21. Pangeran Pambayun, buyute Kyai Agêng Ngêrang. 22. Pangeran Pugêr, putrane Panêmbahan Senapati. 23. Panêmbahan Jurukithing, putrane Panêmbahan Jurumartani. 24. Kangjêng Ratu Sultan, garwa dalêm H.B. II Jogja. 25. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B. II Jogja. 26. Pangeran Upasônta, putrane Kyai Juruwirapraba,. 27. Radèn Ayu Upasônta, putrane Kyai Jurukithing. 28. Pangeran Panêkar. 29. Pangeran Wuragil. 30. Kangjêng Ratu Mas Rêtna Tinumpuk, garwa dalêm Ng. W.

31. Radèn Dêmang, 32. Pangeran Dêmang, 33. Pangeran Wiramênggala ... Putrane Panêmbahan Senapati

34. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, putra dalêm H.B. I

35. Panêmbahan Mangkurat, 36. Pangeran Mangkudiningrat ... Putra dalêm H.B. II

37. Radèn Ayu Kaputran, putrane Ng. W. 38. Pangeran Kaputran, mantu dalêm Ng. W. 39. Kangjêng Ratu Sasi, putra dalêm H.B. II 40. Radèn Tumênggung Martalaya, mantu dalêm Ng. W. 41. Pangeran Martapura, putra dalêm Ng. W. 42. Pangeran Pringga of Rôngga ? 43. Kang Rayi Ratu Mas Pita

--- 1 : 581 ---

44. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam I Jogja. 45. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Jogja. 46. Putra dalêm Kangjêng Ratu Kêncana = putra dalêm S.P. 47. Pangeran Jagaraga. 48. Kyai Juru Wirapraba, putrane Kyai Jurumartani. 49. Pangeran Dipanata ing Mataram. 50. Kangjêng Ratu Mas Pati

51 ..., 52 ... Putra Dipanatan

53. Putrane Pangeran Sukowati. 54. Garwane Pangeran Sukowati. 55. Putra dalêm Kangjêng Ratu Rêtna Dumilah = putra dalêm S.P.. 56. Kang rayi Kangjêng Ratu Mas. 57. Putra kadipatèn. 58. Garwa kadipatèn. 59. Kangjêng Ratu Kêncana, putra dalêm Ng. W.. 60. Putra basiyaran. 61. Kyai Barat Katiga Mataram. 62. Kangjêng Ratu Anggèr Jogja.

63. Radèn Ayu Mangkukusuma putra, 64. Pangeran Mangkukusuma mantu ... Ng. W.

65. Radèn Bagus Ngayogya, putra dalêm Ng. W., 66. Tumênggung Sujanapura

67. Pangeran Silarong, 68. Radèn Ayu Madiun, 69. Pangeran Adipati ... Putra dalêm S.P.

--- 1 : 582 ---

70. Tumênggung Wiryadiningrat, mantu dalêm Ng. W. 71. Pangeran Natakusuma Jogja

72. Nyai Riya Suwônda, 73. Nyai Tumênggung Sêcawisa, 74. Nyai Tumênggung Soka, 75. Nyai Tumênggung Gôndarasa ... wadana wadon ing Mataram

76. Kyai Wirakarsa, 77. Tumênggung Madiun, 78. Ingkang garwa, 79. Pangeran Mandura, 80. Kyai Agêng Mangir = Lowanu, 81. Ingkang garwa

--- 1 : 583 ---

Kutha Bacingah:

(Mataram) 1541

Kutha Bayalali:

zie abdi dalêm Bayalali letl. b

Kung Kw.:

susah, sêngsêm, murka, prihatin

Kèng:

niet

Kong:

niet

Kêng:

niet

Kangkung:

Galihing kangkung iya iku suwunging wit kangkung, dadi wiriting ngèlmu. Wangsalan Tjent. bêrkutut muni, olèh dening hur kêtêkung

Kongkang:

Wangsalan Tjent. Kadang tuwa olèh dening kakang

Kangguru:

Kangguru iku bangsaning têrwèlu, dumunung ing tanah Ostraliyah, lakune mancolot, mangan sukêt.

4 halaman kosong di belakang.