Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Layang Bauwarna II

(da, ta, sa, wa, la)

--- 2 : 625 ---

Da:

1. da, aksara untu zie na

2. da, pa, ja, ga, ba, aksara dayasastra, tanduke ora bisa ambuwang atêr-atêre: ha: kaya ta: andokok, andhupak, anjambak, ambalang, anggawa, andêngongok, andhrêdhêg, anjêngêr, ambasêngut, angguyu.

3. pasangan da: a. dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: Walônda. b. dadi ôngka nêm, mung diowahi pucuke bundhêl, dununge jèjèr karo larikaning aksara, mung bênggang sawatara kêlêtan pangkat, kaya ta: kathahipun 600: nêm atus rupiyah. c. dadi panglingan ana sangisoring aksara wa, nga = O, U, dadi lirune ho, hu, unine padha karo aksara Walônda O = U. d. ana sangisoring Na murda dicakra, dadi têngahane madyapada, kaya ta: [...]Huruf Jawa: Simbol madyapada. têgêse mandrawa = adoh.

da, 1 Tj.B. mêngko 2 Kw. nuli têka, sigêg, luwih, mangkana, mungguh.

--- 2 : 626 ---

Di:

I. tanggap utama purusa zie tak, 2. Tj.B. luwih, 3. Kw. êndi, adi têtunggul, luwih of kaluwihan, pangarêp, panggêdhe, bêcik of bêbêcik.

Du:

Tj.B. kukus.

De Kw.:

dene, dening, tingkah, gawe.

Do Kw.:

godha.

Dah:

Tj.B. mêngko.

Dih:

niet.

Duh:

niet.

Dèh:

Tj.B agawe.

Doh Kw.:

adoh.

Dêh:

niet.

Dahana:

zie gêni.

Dên:

zie uyuh letl. d

Dina:

Dite verk. v. Radite = R wudhug = Prabu Silacala = Watugunung, putrane R. Rêspati saka Dèwi Sinta = Basundari.

Soma, garwane R. Rêspati.

Anggara, Buda ... putrane Dèwi Soma.

Rêspati, iya Prabu Palindriya, ing Mêndhangkamulan.

Sukra, putrane Dèwi Soma.

Tumpak, Dèwi ..., putrane Dèwi Soma, ênggone kirda karo putrane kuwalon Radèn Dite = Prabu Watugunung.

Bathara Surya nganggit dina pêpitu, kajupuk saka lêlakone Prabu Watugunung ing dhuwur iki, kaya ta:

--- 2 : 627 ---

Radite têgêse: srêngenge, Soma têgêse: rêmbulan, Anggara têgêse: gêni, Budha têgêse: bumi, Rêspati têgêse: gêlap, Sukra têgêse: udan, Saniscara§ ora kasêbut: Tumpak. têgêse: angin

Sinangkalan: swara anrusing guna (397).

Brahmana Radhi ing Ngandongdhadhapan nganggit pamoring dina pitu karo pasaran kaya ta:

Radite - môncawarna

Soma - pêthakan

Anggara - abritan

Budha - jênean

Rêspati - cêmêngan

Sukra

Saniscara

Sinangkalan: pandhita trusing guna (397) P.R. 8v-10 v.o.

--- 2 : 628 ---

Dina iku pêpitu sarta duwe nêptu dhewe-dhewe, mungguhing wong Jawa,

Java - Maleische - Kw. - W.P. - Arabische - Olland. - Chin. - Naptu

Ngahad = - Ahad - Dite - Samsu - Awal - Zondag - Le par - 5

Sênèn = - Itsnèn - Soma - Kamar - Ahwan - Maandag - Par it - 4

Slasa = - Salasa - Anggara - Marih - Jabari - Dinsdag - Par ici - 3

Rêbo = - Arba-a - Buda - Ngatarid - Dibari - Woensdag - Par sa - 7

Kêmis = - Hamsa - Rêspati - Mustari - Munisa - Donderdag - Par si - 8

Jumungah = - Jumahat - Sukra - Zuhra - Ngurabah - Vrijdag - Par go - 6

Sêtu = - Sabtu - Tumpak - Zukal - Sayara - Zaturdag - Par lak - 9

murih ora lali marang nêptuning dina, prayoga mawa apalan sakênane, kaya ta: // Ngahad lima kanthinipun / Sênèn papat Salasa tri / Rêbo pêpitu nêptunya / Kêmise wolu winilis / Jumungah nêm nêptunira / Sêtu sanga amungkasi //

Sadina iku 24 jam, saline bakda sêmbayang Ngasar.

Danuatmaja, Radèn Arya ... of Radèn Ayu ... zie Kab. no.2 en 3.

Dina naas:

Ing ngisor iki naasing dina, aja lêlungan amarêngi tibaning naas, kaya ta:

Ngahad, malême, sawêngi pisan

Sênèn, wayah: têngange

Salasa, wayah: esuk

Rêbo, wayah: têngange

Kêmis, wayah: lingsir wetan

Jumungah, wayah: ngasar

Sêtu, wayah: lingsir wetan

--- 2 : 629a ---

Dina Cina:

Ing ngisor iki araning dina Cina kaya ta: Le par = Ngahad, Par it = Sênèn, Par iji = Slasa, Par sa = Rêbo, Par si = Kêmis, Par go = Jumungah, Par lak = Sêtu

Dina gêdhe Cina kang ajêg tibaning tanggale, kaya ta:

1. Cia goe-e = taun baru

8. Cia goe-e = sêmbayang

15. Cia goe-e = capgamèh = (capgomèk, spr)

3. Sa goe-e = cingbing (= cembengan, spr)

5. Go goe-e = pikcun = (pèkcan, spr)

29. Cit goe-e = cioka = (sidhêkah rêbutan)

15. Pe goe-e = capga = (tyongcu)

28. Cap it goe-e = tangcik = (sêmbayang rondhe).

Daniswara, Radèn ... = zie Sri Mapunggung zie P.N. no.4

Dina Walônda:

kaya ta: z.o.z. blz. 630

--- 2 : 629b ---

Dina sangat:

Ing ngisor iki sangating dina kanggo yèn anglakoni ayahaning ratu linurugake prang, utawa iya kanggo arêp lêlungan, kaya ta:

Ngahad, jam 10, garudha kalah lan ula

Sênèn, jam 6, sardula kalah lan srênggala = (macan asu)

Slasa, jam 2, dirada kalah lan palguna = (gajah kancil)

Rêbo, jam 4, arka kalah lan basônta = (srêngenge rêmbulan)

Kêmis, jam 11, wilmula kalah lan jinada = (kucing tikus)

Jumungah, jam 3, girisa kalah lan swaninda = (banthèng sapi)

Sêtu, jam 12, sarpa kalah lan canthuka = (ula kodhok)

Dina watêk:

Ing ngisor iki kawruhana watêke dina sawiji-wiji, yèn bayi lair nuju ing dina:

Ngahad, samudana, mung bêcik ing lair bae

Sênèn, samuwa, kudu bêcik sabarange

Salasa, sujana, ora andêlan

Rêbo, sêmbada, kudu patut sabarang kalir

Kêmis, surasa, kudu angrasak-rasakake

Jumungah, suci, kudu rêsik solah-bawane

Sêtu, kasumbung, dhêmên ngalêm kang bêcik.

--- 2 : 630 ---

Dina Walônda:

ing ngisor iki araning dina Walônda, kaya ta: Zondag = Ngahad, Maandag = Sênèn, Dinsdag = Slasa, Woensdag = Rêbo, Donderdag = Kêmis, Vrijdag = Jumungah, Zaterdag = Sêtu

Dina gêdhe Walônda ana kang ajêg tibaning tanggale, ana kang ora, kaya ta:

1. Januari 1 taun baru

2. April 3 pangeling-eling nalika sedane Kangjêng Nabi Ngisa.

3. April 5 paaschen nalika Kangjêng Nabi Ngisa wungu saka seda.

4. Mei 14 mekrade Kangjêng Nabi Ngisa

5. Mei 24 pinksteren, utawa kamsin, têdhake Rohkul Kudus marang para sakabate Kangjêng Nabi Ngisa.

6. Dec. 25 miyose Kangjêng nabi Ngisa

Dina lara pati:

Ing ngisor iki kawruhana lara pati lan uriping dina, kanggo lêlungan golèk siti payah lan liya-liyane, kaya ta:

--- 2 : 631 ---

Araning dina - Uriping dina - Laraning dina - Patining dina - katrangan

Ngahad - Ngidul, Ngetan - Ngalor - Ngulon - ...

Sênèn - Ngidul - Ngetan, Ngulon - Ngalor - ...

Salasa - Ngalor - Ngidul, Ngetan - Ngulon - ...

Rêbo - Ngetan, Ngalor - Ngulon - Ngidul - ...

Kêmis - Ngidul, Ngetan - Ngulon - Ngalor - ...

Jumungah - Ngalor - Ngetan, Ngulon - Ngidul - ...

Sêtu - Ngulon - Ngidul, Ngetan - Ngalor - ...

--- 2 : 632 ---

Dina larangan:

Ing ngisor iki dina larangan kanggo lakuning pasatoan lan liya-liyane, sarta wus kapathok sasasi-sasine ana loro, saline sabên têlung sasi sapisan, mung ana sasi têtêlu larangane mung dina siji, kaya ta:

Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah ... Jumungah

Pasa, Sawal, Dulkangidah ... Sêtu en Ngahad

Bêsar, Sura, Sapar ... Sênèn en Slasa

Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal ... Rêbo en Kêmis

Dina pasaran:

Tanggal sapisan. Ing ngisor iki petungan anggolèki dina pasaran dinane tanggal sapisan ing sasi taun kang wis utawa kang durung kalakon, iku nêptuning sasi lan taun kakumpulake dadi siji, banjur kabuwang pitu-pitu utawa lima-lima, ing atase kurup arbangiyah kawiwitan saka dina Rêbo, pasaran Wage, saupama anggolèki dina pasaran tibane tanggal sapisan sasi Sura taun Alip, pangetunge mangkene:

Sura nêptu 7 Alip nêptu 1 = 8-7 = 1, Sura nêptu 5 Alip nêptu 1 = 6-5 = 1 ... = 1-1

sarèhning kari 1-1, môngka pangetunge kawiwitan saka Rêbo Wage, dadi tibaning tanggal sapisan sasi Sura taun Alip iya dina Rêbo Wage. Saupama sasi Sura taun Ehe mangkene:

Sura nêptu 7 Ehe nêptu 5 = 12-7 = 5, Sura nêptu 5 Ehe nêptu 5 = 10-5 = 5 ... = 5-5 enz.

sarèhning katêmu lima-lima, môngka kawiwitan saka Rêbo Wage dadi tibaning tanggale sapisan sasi Sura taun Ehe, Ngahad Pon mungguh nêptuning sasi lan taun kang kanggo ing dina pasaran kaya ing ngisor iki.

--- 2 : 633 -- -

Dina pasaran tanggal sapisan.

Sura, nêptu 7, 5, Sapar, nêptu 2, Mulud, nêptu 3, 4, Alip, nêptu 1-1, Rabingulakir, nêptu 5, Ehe, nêptu 5, 5, Jumadilawal, nêptu 6, 3, Jimawal, nêptu 3, Jumadilakir, nêptu 1, Je, nêptu 7-4, Rêjêp, nêptu 2, 2, Dal, nêptu 4, 3, Ruwah, nêptu 4, Be, nêptu 2, Pasa, nêptu 5, 1, Wawu, nêptu 6-2, Sawal, nêptu 7, Jimakir, nêptu 3-1, Dulkangidah, nêptu 1, 5, Bêsar, nêptu 3[grafik].

Murih ora laline marang nêptuning sasi lan taun, kang kasêbut ing dhuwur iki, prayoga mawa apalan sakênane kaya ing ngisor iki:

Tumrap dina

[Dhandhanggula]

Sura nêptu pitu nyarkarani / Sapar kalih Mulude têtiga / Rabingulakir limane / Jumadilawal nêmipunLebih satu suku kata: Madilawal nêmipun. / Madilakir amung sawiji / Rêjêp kalih nêptunya / Ruwah nêptu catur / Pasa gangsal ing nêptunya / Sawal sapta Dulkangidah mung sawiji / Bêsar tri ing nêptunya //

[Asmaradana]

Alip juga ngasmarani / Ehe gangsal nêptunira / Jimawal tri Je saptane / Dal catur ing nêptunira / Be kêkalih ingetang / Wawu nênêm kathahipun / Jimakir tri ing nêptunya //

--- 2 : 634 ---

Tumrap pasaran, Kurub Wage

[Mijil]

Mung sajuga mijiling warsa-Lip / Ehe lima manggon / Jimawal uga lima nêptune / Je catur Dal Be nêptunya katri / Wawu nêptu kalih / Jimakir juga mung //

Kurub Kaliwon

Mijil lima nêptuning warsa-Lip / Ehe sanga manggon / warsa Jimawal catur nêptune / Je tri Dal Be sami nêptu kalih / Wawu nêm Jimakir / gangsal nêptunipun //

Kang wus tinêmu ing dhuwur iki wus nyukupi marang pangupayaning dina pasaran tibane tanggal sapisan, luwihe saka tanggal sapisan, kudu kaurut saka tanggal sapisan mau, (zie kurub) kaya ta: Rêbo Wage: tanggal sapisan, Kêmis Kaliwon tanggal ping 2, Jumungah Lêgi tanggal ping 3, sapiturute nganti tanggal ping 30.

Ing mêngko ana sawijining sarjana amikir petung kang kaya mangkono mau isih karoncenan, utawa agawe kangèlaning pangetung, tinêmuning pamikir ora nganggo mawang tanggal sapisan, sanadyan satanggal-tanggale iya kêna pinetung kalawan gampang, kaya ing ngisor iki.

--- 2 : 635 ---

Ngupaya dina pasaran tibane tanggal ping pira sajrone kurub Arbangiyah (1748-1867) kaya ta:

Rêbo, 0, Kêmis, 1, Wage, 0, Jumungah, 2, Kliwon, 1, Sêtu, 3, Lêgi, 2, Ngahad, 4, Paing, 3, Sênèn, 5, Pon, 4, Salasa, 6, Sura, 6, 4, Sapar, 1, Mulud, 2, 3, Alip, 0, 0, Rabingulakir, 4, Ehe, 4, 4, Jumadilawal, 5, 2, Jimawal, 2, Jumadilakir, 0, Je, 6, 3, Rêjêp, 1, 1, Dal, 3, 2, Ruwah, 3, Be, 1, Pasa, 4, 0, Wawu, 5, 1, Sawal, 6, Jimakir, 2, 0, Dulkangidah, 0, 4, Bêsar, 2[grafik].

Saupama arêp anggolèki dina pasaran tanggale sapisan sasi Sura taun Alip, iku nêptuning dina kakumpulake karo nêptuning sasi taun kang ngarêp, pasaran kakumpulake [kakumpu...]

--- 2 : 636 ---

[...lake] karo nêptuning sasi taun kang buri, banjur kakumpulake karo petunganing tanggale, tinêmuning panggunggung: banjur kabage, yèn dina kabage 7, pasaran kabage 5, sakarine iya iku dina pasaran kang ingupaya, kaya ta: tanggal sapisan sasi Sura taun Alip, = 1-6-0 = 7:7-0 = Rêbo, 1-4-0 = 5:5-0 = Wage.

Tanggal ping 25 sasi Bêsar taun Dal 1831 = 25-2-3 = 30:7-2 = Jumungah

25-4-2 = 31:5-1 = Kliwon

Yèn salin kurup Salasiyah besuk taun 1868, kang dadi baku dina Salasa Pon nêptu 0-0.

en Rêbo Wage: 1-1 enz. zie R.D. 1901 No. 102.

Dina pasaran sataun:

Ing ngisor iki petungane dina pasaran sarta Anggara Kasih ing dalêm sataun, kaya ta:

Taun Alip, sasi 12, dina 354, Ngahad 51, Sênin 50, Salasa 50, Rêbo 50, Kêmis 51, Jumungah 50, Sêtu 51, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 71, Paing 71, Pon 71, Wage 71, katrangan ...

Taun Ehe, sasi 12, dina 355, Ngahad 50, Sênin 51, Salasa 51, Rêbo 51, Kêmis 51, Jumungah 51, Sêtu 51, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 71, Paing 71, Pon 71, Wage 71, katrangan ...

Taun Jimawal, sasi 12, dina 354, Ngahad 51, Sênin 51, Salasa 51, Rêbo 51, Kêmis 50, Jumungah 51, Sêtu 51, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 71, Paing 71, Pon 71, Wage 71, katrangan ...

Taun Je, sasi 12, dina 354, Ngahad 50, Sênin 50, Salasa 50, Rêbo 51, Kêmis 51, Jumungah 51, Sêtu 51, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 71, Paing 70, Pon 70, Wage 70, katrangan ...

Taun Dal, sasi 12, dina 355, Ngahad 51, Sênin 51, Salasa 51, Rêbo 51, Kêmis 51, Jumungah 51, Sêtu 50, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 71, Paing 71, Pon 71, Wage 71, katrangan ...

Taun Be, sasi 12, dina 354, Ngahad 51, Sênin 51, Salasa 50, Rêbo 50, Kêmis 50, Jumungah 51, Sêtu 51, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 70, Paing 71, Pon 71, Wage 71, katrangan ...

Taun Wawu, sasi 12, dina 354, Ngahad 50, Sênin 50, Salasa 51, Rêbo 51, Kêmis 51, Jumungah 51, Sêtu 50, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 70, Paing 71, Pon 71, Wage 71, katrangan ...

Taun Jimakir, sasi 12, dina 355, Ngahad 51, Sênin 51, Salasa 51, Rêbo 51, Kêmis 51, Jumungah 51, Sêtu 51, Anggara Kasih 10, Kaliwon 71, Lêgi 71, Paing 71, Pon 71, Wage 71, katrangan ...

gunggung sawindu sasi 96, dina 2835, Ngahad 405, Sênin 405, Salasa 405, Rêbo 406, Kêmis 406, Jumungah 407, Sêtu 406, Anggara Kasih 80, Kaliwon 568, Lêgi 566, Paing 567, Pon 567, Wage 567, katrangan ...

Dina gêdhe:

Ing ngisor iki dina gêdhe wong Ngarab kang dianggo ing wong Jawa, kang ajêg tibaning tanggale, kaya ta:

1 Sura, saline taun anyar, nanging ora padha kaya taun baru Walônda lan Cina, padha nganggo pakurmatan, iki ora, mung têtêp aran: salin taun anyar, dene lirune taun barune wong Jawa, bakdaning sasi Pasa nganti tanggal ping 8 Sawal, padha alal bihalal.

--- 2 : 638 ---

10 Sura, ujube ahli ngisah, mêmule Sayidina Kasan-Kusèn, padha wayahe Kangjêng Nabi Mukamad, kang seda ing paprangan 12 Mulud, garêbêg Mulud, miyose Kangjêng Nabi Mukamad, 27 Rêjêp, mekrade Kangjêng Nabi Mukamad.

15 Ruwah, têgêse: para nyawa, wong Ngarab ing sasi iku nylamêt utawa ngirim marang para lêluhure, wong Jawa tiru-tiru milu nylamêti utawa ngirim marang para lêluhure, nanging kaliru têmbunge, Ruwah kang têgêse: para nyawa, ingaran: araning sasi, môngka ing sasi iku aran: Saban, upama dijawakake têmbunge: ing sasi Saban ngirim Ruwah (= para nyawa) marang kubur.

1 Sawal, ngidul pitri, iya garêbêg Pasa, riyaya bakda Pasa, kondure Kangjêng Nabi Mukamad, mêntas siyam saka ing guwa, banjur riyadi.

10 Bêsar, ngidul kurban, iya garêbêg Bêsar, nalika pangurbane Nabi Ismangil, yèn wong munggah kaji marang Mêkah, ing dina iku padha tawaph.

1. Danuningrat Adipati ... zie pôncaniti no. 45. en zie patih no.23

2. Danuningrat, Radèn Ayu ... zie Ngimagiri no. 128.

Radèn Adipati Danuningrat, pêpatih ing Surakarta, P.B. IV olèh 8 taun, iku putrane Radèn Tumênggung Mangkuyuda, putrane: Ngabèi Sutamarta III zie Sindurja.

3. Danuningrat, Radèn Ayu ... (putra P.B. IX) zie Ngimagiri no.

--- 2 : 639 ---

Danaraja:

zie gend.slend.pat.sng.

Danurêja:

Patih Adipati ... zie pôncaniti no.41 en 42.

Danurêja:

zie Ngimagiri no. 53.

Dandang:

Atrap dandang ing pawon durung mususi bêras, sarta ngrubuhake dandang sajrone ginawe adang, dadi pangane Bathara Kala.

Danupaya:

Atrap dandang ing pawon durung mususi 109 en 136.

Dar:

Tj.B. asmara

Dir:

Tj.B. wani

Dur:

1 Tj.B. ala 2 Kw. nglêngkara.

Dèr:

Tj.B. ngorakake.

Dor:

niet.

Dêr:

niet.

Dara:

a, b ... nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, c. nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, wulune saengga mêrak, d. nêtês sarta dumunung ing pulo Nikobar, e. nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, nanging ora bêtah ing adhêm, sabên môngsa bêdhidhing banjur padha alihan, golèk panggonan panas, f. alasan, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, g. karang, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, pasabane ing karang, mangan jagung utawa gandum, h. simbar, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, i. gonjok, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Durèn Kw.:

ambêtan, duryan, en zie wit wangsalan Tjent, kang aso ing margi olèh dening: lèrèn.

Dirada:

zie gajah.

Doradasih:

zie gend.bon.pat.lima pel. en zie gend.slend.pat.sng. en zie gend. en dhapuring tumbak doradasih luk 5 têngah ada-ada, anjêbèr ngisor, pêkakan, grènèng.

Diradamêta:

zie gend.

Dèrès:

Wiwite ana wong dèrès arèn sarta krambil, bumbunge paderesan arèn, tabêlang (tambêlang kudhi bujêl) saka akale Jaka Puring, sinangkalan rupa saliraning mantri (381)

--- 2 : 640 ---

Dorapati:

' = jagabraja, Abdi dalêm prajurit dorapati kèhe 120, kalêbu mayor opsire, gêgamane tumbak, prajurite pramèswari dalêm, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III, têgêse dorapati = mokal yèn kênaa ing pati.

Dariji Kw.:

kamlika, kasman, suwedha, jari, jariji, nyari.

Dariji Kw.:

1. panuduh, tuding, pênadah, jarat gawa, 2. panunggul, ulujari, nyaka, panika, panalika, 3. jênthik, ênthik-ênthikan, kalingkingan, mudha jari, 4. jêmpol, êmpol-êmpolan, tuhika, panjajari, 5. manis, namika, swedhakara, jari madu.

Pucuking jariji bisa ngrasakake kahananing barang rupa-rupa kang ora kawruhan ing mripat kang wis tau disumurupi rupane, bisa ngarani kalawan cêtha mung kalawan digrayangi, Dj.I.1907. no.82 (Wg) Danumaya ing Jombang.

Darajat:

Sunan ... zie wali no.12 en 19.

Dirajit?:

' = Indrajit, (kawruh êmpu). Dhapuring kêris dirajit, luk 21, kêmbang kacang, lambe loro, sraweyan. Dhapuring tumbak dirajit: bênêr, ri pandhan sungsun, kruwingan.

Duryudana (padhalangan):

Duryudana iku wandane loro, jaka sarta jangkung.

Durma (têmbang macapat):

a. - i. - a. - a. - i. - a. - i. // 12. - 6. - 6. - 7. - 8. - 5. - 7.

Ridhu mawur mangawur-awur wurahan / têngaraning ngajurit / gong maguru gôngsa / têtêg kaya butula / mor panjriting turônggèsthi / rêkatak ingkang / dwaja lêlayu sêbit // Harjunasasra.

Têmbang Durma têgêse macan, kang nganggit Sinuhun Bonang zie Dj.K.1900 no.63.

Darmaita:

zie ratu (3). Drêmenan, ingunèkake ana sajroning omah ora ilok.

Darmaraja:

Jaksa Tumênggung ... zie pôncaniti no.16. Arya Darmaraja zie pôncaniti no.21.

Daramakap:

Ciri daramakap, unyêng-unyêngan sikile ngarêp kang têngên mung siji, watêke ala, yèn nawaginawa. prang kang nunggang kêcandhak ing mungsuh.

Dromêdaris:

Dromêdaris iku bangsaning unta, punuke siji ana ing gêgêr dumunung ing tanah Asiyah.

Darmawulangun:

Patih Arya ... zie pôncaniti no. 22.

--- 2 : 641 ---

Dada:

1 Tj.B. sarana, 2. Kw. tulus.

Dede:

niet.

Didi:

Tj.B. dede.

Dudu:

1. Tj.B. meda, 2. Kw. ala, sawênèh, seje, liya, bêbaya, 3 zie kênong.

Dede:

niet.

Dodo:

niet.

Darmayuda:

Jaksa Tumênggung ... seje, liya, bêbaya, 16.

Durmagati (padhalangan):

Wandane loro pocol sarta canthuk.

Doramênggala (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak doramênggala luk 5, têngah ada-ada, gilig, anjêbèr ngisor, pêkakan.

Durga:

Bathari ... (padhalangan). Bathari Durga wandane loro, gêdrug mripat loro sarta gidrah mripat siji.

Durganincing:

Jaran ditunggangi mêkar buntute, watêke ala bangêt, cilaka kang nunggangi.

Durginadur:

' = Petruk dadi ratu (padhalangan) wandane loro jlegong sarta mèsêm.

Daragêlar:

zie bathikan.

Durgadhadhak:

jaran nguyuh rèngkèng-rèngkèng, watêke ala, kang ngingu sok laranên.

Durgangêrik:

zie werani: melik, ciri durgangêrik, jaran nguyuh anjêrum, tibaning uyuh ing lêmah swarane kumrowok, watêke ala, kang ngingu sok kêsripahan anak bojo.

Dri:

' = (bêras). Padaringane biyang Samba ing Karanglêngki, ingandikakake andokoki isarat kalungsu karo kacang wose, marang Dèwi Sri, lan ora kalilan winoran kalobot, sinangkalan, nyata anabda suci (471).

padaringan kêbak zie kêbo, (buntut).

Dêring:

zie srandu warôngka tumbak.

Duk:

zie wit (arèn).

Duduk:

Ciri duduk, unyêng-unyêngan jaran ana ing wêtêng mung sasisih, watêke ala, kang ngingu kêlaran, sarta kêrêp kelangan.

--- 2 : 642 ---

Dodot:

Wiwite ana panganggo dodot, Prabu Kandhiawan, iya Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita, karsa yasa agêm-agêman nyamping ômba (dodot) mawa sondhèr (sabuk ukup) kagêm sarira piyambak, mung ing dina pasamuwan, sarta kanggo para putra santana muwah ingkang para abdi ing dina pasewakan, sinangkalan, rasaning salira tanpa côndra (1086).

Ukuraning dodot, kapat têngah utawa patang kacu sisih, kaganthèt malang dadi siji, dadi ômba dawa, wong angarani: satangkêb, utawa pitu sarta wolung kacu.

--- 2 : 643 ---

Dodotan iku ana warna papat,

1. ingaran kampuhan kaprabon, iya iku agêm dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, utawa kang wis kalakon dianggo ing pangantèn. 2. ingaran dodotan kasatriyan, agême kangjêng gusti pangeran adipati anom, kagok kasatriyan agême para pangeran, putra sêntana sarta pêpatih dalêm. 3. ingaran dodotan tumênggungan, anggone wadana kaliwon, mayor, riya ngisor dhuwur. 4. ingaran dodotan kadêmangan, anggone abdi dalêm panèwu mantri sapangisor.

a. kang diarani kampuhan kaprabon, ing pidakan sèrète tutug polok, (dodot kang tumiba ing sikil kiwa) cincingane nugêl pupu, (dodot kang tumiba ing pupu têngên) kunca panjèrènge tutug ing cêthik kiwa têngên sarta kaumbar, dawane saasta sumèlèh ing lêmah, koncèring sabuk ukup katon, pamasange jêjêg, sêla-sêlaning koncèr tiba têngah ing ula-ula, samparan kaunggahake sarana tali, kaya kêpuh sungsun loro, diarani: grêbong kandhêm, ora nganggo nyêngkêlit wêdhung.

b. kang diarani dodotan kasatriyan, kaya letl. a. ing dhuwur mau, mung kacèk panjèrènging kunca kapara nêngên, banjur kaubêdake ing gandaring kêris, ubêde saka ngisoring warôngka sumampir ing gandar

--- 2 : 644 ---

banjur ngêbyak mangisor pucuk narampad ing lêmah, koncèring sabuk ukup ora katon, ing ngarêp ora nganggo grêbong kandhêm, lêstari nganggo samparan, kalèmbrèh ing samparan sacêngkang sumèlèh ing lêmah nganggo nyangkêlit wêdhung, pucuking dodot kang tumiba ing lambung kiwa katalèkake garaning wêdhung.

c. kang diarani dodotan kagok kasatriyan, padha bae karo letl. b kacèke samparane mung narampat lêmah, ora klèmbrèh.

d. kang diarani dodotan tumênggungan, kaya letl. b ing dhuwur mau, mung kacèk kêpuhan, dawaning kêpuh, mangisore watês jêmpolaning tangan, koncèring sabuk ukup kapara nêngên, cincingane tutug ing dhêngkul, samparane ing pucuk narampad lêmah.

e. kang diarani dodotan kadêmangan, kaya letl. d ing dhuwur mau, dawaning kêpuh mangisore watês ugêl-ugêl, cincingane nugêl garès, samparaning tutug sandhuwuring dalamakan kiwa, ora narampad lêmah.

Karangane Radèn Ngabèi Purbadipura

Abdi dalêm kaliwon gêdhong têngên

Tinulis kaping 26 Sawal Be ôngka 1832 no. 85/10.

--- 2 : 645 ---

1. agêm dalêm kampuh Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ngagêm bakal sutra utawa mori sakarsa dalêm, bathik plangèn, parang-parangan, sêmèn-sêmenan, iya sakarsa dalêm, ngagêm balênggèn kampuhan kêprabon, ngumbar kunca kaampil, sarta ora ngagêm pasikon, panunggul mathak ngêmbang gundha, kêbirèn.

2. agêm dalêm kampuh Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, id. kampuhan kasatriyan, ngumbar kunca, ngagêm pasikon panunggul mathak ngêmbang gundha ngagêm nyamat.

3. kampuh agême para pangeran putra santana dalêm sarta riya dhuwur, bakale mori, bathikan parang-parangan, utawa sêmèn-sêmenan, lar urip, nganggo blênggèn, kampuhan kagok kasatriyan nganggo pasikon, pangeran putra kuluk biru nom, pangeran sêntana kuluk biru tua, ngumbar kunca kasampirake ing wangkingan, riya dhuwur kuluk putih, kunca kasuwêlake nanging lênggahe nyêpuhi pangeran sêntana, riya ngisor id riya ngisor, nanging lênggahe ana ngisor jambu.

4. kampuh agême kangjêng radèn adipati, sarta wadana kaliwon, sêmèn latar putih, lar urip, kampuhan tumênggungan, kuluk [kulu...]

--- 2 : 646 ---

[...k] biru tuwa, nanging yèn patih santana dalêm, utawa asli cilik kaparingan momongan putri dalêm, kalilan ngagêm kampuh udanriris, kuluk biru nèm (= p. putra), ngumbar kunca dina Sênèn Kêmis, kaubêdake ing wangkingan, dintên gêdhe garêbêg kaampil, nanging manawa sowan malêbêt ing karaton, ngagêm kêpuh (kêpuh = kunca, kêpuh kasuwêlakên, kunca kaubêdakên ing wangkingan, utawa kaampil), wadana kaliwon kampuhan tumênggungan, kunca kasuwêlake, kuluk mathak putih.

5. Dodot anggone panèwu mantri, panèwu sêmèn latar putih, mantri sêmèn latar irêng padha nganggo lar mati, dodotan kadêmangan kuluk mathak putih.

--- 2 : 647 ---

Awit saka parênge karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kadhawuhake warata: nalika kaping 16 Sapar Ehe 1828, anamtokake panganggone dodot para abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri lurah bêkêl jajar sarta rôngga dêmang panatus panèkêt panglawe nagara muwah ing desa yèn nuju dina gêdhe, kaya ta:

a. Wadana kaliwon, bathikan sêmèn latar putih mawa lar urip, b. Panèwu mantri, bathikan sêmèn latar irêng mawa lar mati, c. Panèwu mantri urdênas: pandêlêgan, d. Panèwu mantri bêkêl jajar gandhèk: rèjèng, e. Dêmang, panatus, panèkêt, panglawe niyaga: slobog, f. Mantri kanoman: kumitir, g. Mantri sangkraknyana: modang, h. Mantri saragêni: padhas gêmpal, i. Jajar priyantaka lurik bêrkutut manggung, mantrine manganggo kaya lêtl. b, j. Lurah badhut: sindur, k. Panèwu mantri rôngga pulisi, wora-wari rumpuk, l. Ngulama, ayam pugêr

--- 2 : 648 ---

m. Kadipatèn anom, jambêlang, n. Kapatihan, krambil sacukil

--- 2 : 649 ---

Pêthikan Sêrat Raja Kapa-kapa, sêkar pucung.

wontên malih wêwatoning sapraja gung/ patraping kawula/ miwah satataning gusti/ para putra santana pangidhêpira //

yèn lumêbu ing ngabyantara sadarum/ sabusananira/ yèn putra sadaya kêni/ anyaplaki sabusananing sri nata //

bêbasahan banguntulak saminipun/ myang têngah-têngahan/ botên wajib dèn awisi/ seredaning kunca pan amung sakilan//

bedanipun lawan panjênêngan ratu/ kuncane sinôngga/ ing parêkan para cèthi/ myang ginarbêg ing manggung miwah biyada//

wontên malih beda- bedaning pra luhung / pangeran sêntana/ sêsèrèdane tigang nyariLebih satu suku kata: sêsèrède tigang nyari. / têrkadhangan wontên papak lawan kisma //

dene lamun watoning mantri pangayun/ kunca gêgubêgan/ awangun mêrak kasimpir/ nadyan sami nanging tanpa sêsimparan//

timbangipun lawan senapati tunggul/ sami gêgubêgan/ lan wangun mêrak kasimpir/ kaotipun simpire rada kasimpar //

--- 2 : 650 ---

[Sinom]

ya ta wau Jayèngraga / busana akampuh kêling / pêlung panji karungrungan / talêpok banyu mas kuning / ingapti? langkung apik / kêpuh tundha ngayu apu/ amungsêr mêdhok atap / amulu paksi sulisik / pangasihe sêsandhungan sêmbulihan //

sipat polok anarapat / seronging cancut tan inggil / kadhok kabêsèt (asikat)?/ sacêngkang kèsising wêntis / mêkar ngongkong amiwir / walêran pawingkingipun / talibane ing ngarsa / amèpèt turut malipit / pirit têpung adu mancung pêpancadan //

kêkawêt ambokong sêmar / amathis nora ngalêngkin / bêbuntaring paningsêtan / anglaring walang wêlèri / êkare miwir asri / ing èpèk renda mas murub / kunca landhung tri asta/ ajèrèng winiru rêmit / ambadhudhug kadi sandhanging manyura //

Lancingan cindhe puspita/ gubêg pinarada asri/ rinenda kalèngkam jênar ...

Tjent.

(Pangantèn kaundhuh marang Jayèngraga).

Dêdêl:

zie wit jambe en gêdhang.

Dudul:

zie lantak, voor upacara letl. f.

Dat:

' = awak, sipat = kahanan, asma = aran, apêngal = panggawe.

Das:

Das iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah Eropah têngahan.

--- 2 : 651 ---

a. mangan wowohan, b. baud mêmènèk ... wulune alus kêna ginawe pènsil (piranti anggambar)

c. das, bangsaning tikus utawa têrwèlu, dumunung ing tanah Eropah lor utawa tanah Ruslan, mangan gêgodhongan utawa oyod-oyodan kang ênom.

Dus:

zie epok.

Dasamuka (padhalangan):

Dasamuka wandane têtêlu,têlu. bugis lan begal padha mripat loro, sarta bêlis mripat siji.

Dasa buta mati:

zie ombe

Duwa (panambangan):

Tembung: anduwa, iku ngabani lakuning prau nêngên.

Dewa Kw:

apsara hyang, nasa, rêsi, dewata, surapsara, suragana, sidyagana, sadyagaka, sangasura, dewi waraspara, widhadara, widdhasadya, pasupigaki, jawata, muksapada, bathara

Dèwi Kw.:

Apsari, Dewati, Surawadu, Surapsari, Sêmaralaksmiwarati, waranggana, weranggana, widdhadarya, widyadarya, watari, yuwati, bathari.

Wiwite ana sasêbutan dèwi, saka putrane Sri Maha Raja Sundha, kang putri sinêbut dèwi, kang kakung radèn, sinangkalan rupa anrusing bumi (191) P.R.I. 165-9 v.o.

Dewa arca (padhalangan):

Anane Dewa Arca kang nganggit Sinuhun Ratu Tunggul ing Giri.

Dewa Asmara:

Radèn Ayu ... zie K.S. no. 12.

Dwi Amartani:

zie ombe.

Dowan:

zie tawon.

Dewandaru:

zie dhatu (6), Dwarawati. Kang jumênêng nata ing Dwarawati Prabu Krêsna sinangkalan, anrus panêmbahing pandhita (729) Dwarawati = Sumêdhang. T.P. 1905 no. 136.

Dewakatong (gêdhog):

Kang yasa wayang gêdhog Kyai Dewakatong Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV. zie id. letl. c.

Dewakatong (kalênengan):

Kyai ... zie gamêlan karaton letl. e

Dawud:

Nabi ... zie brahat, letl. e. ingkang yuswa 100 taun. ktb. Ngarais.

Dewa dina:

Dewa dina iku wêwolu, urut sarta watêke kaya ing ngisor iki:

--- 2 : 652 ---

Sri, Dèwi ... wêlasan.

Endra, Bathara ... angkuh nastiti.

Guru, Hyang ... dhêmên nyoba lan dhêmên angganjar.

Yamadipati, Hyang ... agung maklume utawa apurane.

Lodra, Bathara ... murah bojakramane.

Brama, Bathara ... panasbaranan, nanging adhêm parentahe, sarwa manis.

Kala, Bathara ... murka cêndhala dhêmên goroh.

Uma, Dèwi ... asih marang wong kasusahan.

Dewata:

of parandhipha, iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah Papua. Wiwite ana sasêbutan dewa, utawa: dewata, saka Sang Hyang Nurcahya (Sayid Anwar) ngagêm sasêbutan iku P.J. 25-5.

Dewata Cêngkar:

Prabu ... zie pôncaniti no. 1.

--- 2 : 653 ---

Dwi lingga:

Dwi lingga iku pangrangkêping têmbung lingga, kaya ta: tiru, dadi tiru-tiru.

Kang apurwa aksara: ha, yèn dadi têmbung aran sarta kaanan, panulise luluh, kaya ta: ulêg-ulêg: aran,

awan-awan: kaanan,

awak-awak: kriya.

Nanging ing Bauwarna iki kaya tataning tulisan bausastra, ora ana kang diluluhake, awit ngowahake uruting aksara.

Dwi purwa:

Dwi purwa iku karimbag saka têmbung dwi lingga diilangi aksarane siji lingga ngarêp kang buri, kaya ta: tiru-tiru dadi titiru, ora kêna tinulis tatiru. Nanging dwi purwaning tanggap: na, pangrimbage saka: tataru, dadi tinatiru, ora tinitiru enz.

tiniru-tiru: dwi lingganing tanggap: na

tinatiru: dwi purwaning tanggap: na

tiru-tiniru: tanggap tarung

gumilang-gilang: dwi lingganing bawa: ma

gumagilang, dwi purwaning bawa: ma, saka: gagilang.

gilang-gumilang: bawa: ma, tundha.

Têmbung dwi lingga kang apurwa aksara: ha, sarta aksara liyane kang sinaroja aksara (susah) apadene têmbung lingga têlung wanda (nagara) ora kêna ginawe dwi purwa, kaya ta: aabang, sususah, nanagara, padha ora tumindak.

--- 2 : 654 ---

Dewamantala:

Prabu ... zie P.N. no.13

Dewa nglayang:

Jaran putih unyêng-unyêngane manggon ing kuping têngên, buntute dawa, iku bêcik bangêt, titihane Hyang Girinata, sapa kang nunggang, yèn ginawe prang mênangan, kanggo amburu mungsuh: kêcandhak.

Dal:

kurubing warsa ... Sabên taun Dal, lakuning kurub sabên limang sasi kaowahan, wiwit sasi Sura têkan Jumadilawal, Jumadilakire bali kurub Arbangiyah manèh, pêrlune kanggo ngupaya dina Sênèn Pon tibane tanggal ping 12, sasi Mulud, iya iku dina wiyosane, Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalaihi Wasalam, pratelane kaya ing ngisor iki:

Sasi, Kurub, Ngumur, Tanggal 1, Katrangan / Sura, Kê, Kli, 30, Nga, Pa, Mulud kaping 12 = 14 purnama / Sapar, 30, Sla, Pa, / Mulud, Ju, Lê, 29, Kê, Pa, / Rabingulakir, Kê, 29, Ju, Lê, / Jumadilawal, Kli, 29, Stu, Kli, / Jumadilakir, Rê, Wa, 29, Nga, Wa, [grafik].

Dalan Kw..:

ênu, awan, dalanggung verk.v. dalan agung = dalan gêdhe N. margi agêng K, sopana, lurung, lêbuh, marga of margi k

--- 2 : 655 ---

Dolèr:

zie wit (krambil)

Dalit:

zie sor.

Dalêsih:

zie gend.slend.pat.nem.

Daluwang:

zet sasadara. Wiwite ana wong gawe daluwang bakale kapuk, saka panêmune sarjana Cina nalika taun 650 D.K.1907 no.90

Dalil:

' = kang nuduhake, kadis = pangandikaning nabi, ijêmak = kêmêngan of muphakat, kiyas = ukur of têpa

Dalima:

1. wangsalan Tjent. paroning sapuluh, olèh dening lima.

2. jamune wanodya tinêmbe ing kakung, dalima putih ingurêkan, dèn isèni ganthi masoyi, pucuk, majakan, pala, cêngkèh, kapulaga, isining cubung wulung, tinalenan ing lawe wênang mrapat, banjur pinipis lêmbut, binanyonan gêcakaning godhong sulasih irêng, lan êmpon-êmpon pathining têmugiring Tjent. Pang.

3. tapêle unthuking cacing lan awuning klaras gêdhang mas, tuwin walungsungane ula cabe, la, cêngkèh, kumukus, mrica sulah, êndhoging pring, cangkanging êndhog pitik têmbeyan, nuli pinipis lêmbut, Tjent. Pang.

4. lêngkange, sunthi lan apyun bênggala, pinipis lêmbut, Tjent. Pang

5. adus banyu kêmbang sataman.

--- 2 : 656 ---

6, 5. Wong mati dinusan banyuning godhong dalima, iku agama Brama.

7, 6. Oyod dalima dipipis banjur pinêrês, ginawe jamu ngêtokake wong kang duwe cacing pita, yèn kakehan pangombene, ngêdêmi.ngêndêmi.

- -- 2 : 657 ---

Dalamakan Kw.:

talapakan, talapada, talajung, pacak, padaka, pangkaja, dalêm wetan, Sunan, ... zie Giri no. 3

Dalêm gêdhe:

zie abdi dalêm wadon, no. 29

Dlimas:

Pangeran ... zie Sela, no 5

Dêlêg:

zie kêbo, wangsalan Tjent. kang pangulu-ulu = olèhe ngulu, olèh dening ngêlêg.

Dilangu:

pujangga êmpu ... zie Pôncaniti IV. 12 en 13

Dlongop:

zie wit (durèn) dalingsêm, wangsalan Tjent. sungsung guyu, olèh dening mèsêm.

Dilanggu:

zie abdi dalêm Kalathèn, letl. e.

Dipaningrat:

Pangulu ... zie pôncaniti no. 37. 41. 42 en 48.

Dipanata:

Pangeran ... Yogya, zie k.g. no. 49.

Dipanagara:

zie Ngimagiri no. 120 P. Dipanagara ngraman taun 1826, sawênèh lolose saka Ngayogyakarta banjur manggon ana ing pratapane gunung Silarong, ajêjuluk Sultan Hèrucakra, taun Be 1752?

Dipawinata:

fr. saka Ngayogyakarta, 148.

Dipôngga:

fr. gajah.

Dayasari:

Radèn ... zie K.8. no.22 Dayapurnama, Radèn, zie k.S. no.18.

Dom:

zie wêsi brani.

Damar:

Radèn ... kêbo (wulu) calupak diilingi lênga saka calupak, ngungalake damar karo dariji, utawa karo gagang suruh, tuwin nganggo ucêng-ucêng têgêsan, dadi pangane Bathara Kala. Damar = lampu Radèn ... abdi dalêm wadon no.24.

Damarkèli:

gend.gend.pat.many.

Damarwulan:

wangsalan Tjent. kang wus padhang pinadhangan.

Dêmak:

zie tangguh, Zie titik, no.16 R.Patah, no.17 P. Sabranglor, no.18 R. Trênggana = Sultan Dêmak I, II en III. en zie pôncaniti VIII

Masjid Dêmak, sakaning surambi kayu gawan saka Majapait, sinangkalan kori loro gawening wong = 1429. Umpaking kori masjid sinangkalan: patra kinarya rupa gêlap tunggal = 1311 zie P.L.I. 216 8 en 2 v.o.

Adêge karaton Dêmak, sinangkalan: rupa muluk karyaning wong taun Wawu 1401, sawênèh gêni mati siniram janmi taun Alip 1403, kang jumênêng nata:

1. R. Patah taun 1403, 2. R. Surya taun 1503., 3. Pangeran Sabranglor taun 1503. Padha ajêjuluk Sultan Bintara.

Kang sumare ing Dêmak: 1. Sultan Dêmak I, 2. Ingkang garwa, 3. Nyai Agêng Cêmpa ingkang ibu no.1, 4. Sunan Ngudung, 5. Ingkang garwa, nama Nyai Agêng Manyura, marasêpuh no.1, 6. Sinuhun Ngamarta? (pasarean Buda), 7. Sultan Dêmak II, 8. Ingkang garwa, 9. Sultan Dêmak III, 10. Ingkang garwa, 11. Sunan Prawata, putra no. 9, 12. Katib, 13. Nyai Agêng Pinatih.

Dêmang (waduaji):

Dêmang têgêse cêcêkêlan, utawa bêbundhêlan, kuwajibane kabubuhan nyêkêl pagawean bawah padesan, tuwin pinitaya nyêkêl sakèhing lêlangên busana karajan sapanunggalane, winênang mêmantês panganggone para wadya ing desa kabèh, kaparingan lungguh bumi desa 200 karya utawa 50 jung. Dêmang, radèn ... en pangeran ... zie k.g. no. 31 en 32.

Dêmung:

zie kênong, en zie gamêlan (ricikan), letl. g.

--- 2 : 658 ---

Anane dêmung = kadêmung, iya pambarung lan iya paniti saka anggite sarta yasane piyambak Panji Inokartapati, nalika taun 1131, zie Kartapati.

Dêmungwular:

Patih Tumênggung ... zie P.N.no. 23 en 24.

Dêgan:

1. zie wit (krambil), 2. Pangantèn têmu nganggo isarat patanène disajèni dêgan parasan ngangge cucuk janur kuning pinuntu kaya corot, zie Jêmbawan letl. c.

Dagang:

zie kêbo

Daging:

1. zie kêbo. 2. Kw srabda, wirangga, palmaka.

Dang:

niet. Dangdangan, sadulur lima panêngahe lanang, pambarêp panggulu, sumêndhi lan wragile padha wadon kabèh.

Ding:

niet.

Dung:

niet.

Dèng:

niet.

Dong:

niet.

Dêng:

niet.

Dangu:

Ing ngisor iki araning padangon kang kalêbu ing layang Pawukon, lakune miturut lakuning wuku, wiwit wuku Sinta: Ngahad Paing padangone tiba: dangu, nanging ambaladhêg kongsi patang dina, nyandhak Kêmis Lêgi banjur jagur sapiturute, kaya ta:

--- 2 : 659 ---

1. dangu, watu ... watêke mênêng, ... mupangate gawe tutup, wêwadhah

2. jagur, macan ... watêke rosa luwês srèi, ... mupangate pêpagêr lawanging regol

3. gigis, bumi ... watêke amot ala bêcik, ... mupangate nênandur, motangake

4. kerangan, srêngenge ... watêke kêras nastiti ajêg, ... mupangate anjênêngake wong, ngulawisudha

5. nohan, rêmbulan ... watêke owah gingsir wêlasan, ... mupangate dagang layar dodol anèng paran

6. wogan, ulêr ... watêke mugên antêpan, ... mupangate gawe praboting prang

7. tulus, banyu ... watêke lêmbut budine, akèh karêpe ... mupangate andêdêrês, gawe sumur, gawe wangan

8. wurung, gêni ... watêke panasbaranan ... mupangate babad grumbul, anggaru mluku sawah

9. dadi, kêkayon ... watêke lumuh kongkulan, ... mupangate nandur karangkitri

[Dhandhanggula]

Dangu watu mênêng nyarkarani / jagur macan srèi watêkira / gigis lêmah mot watêke / kerangan Sang Hyang Banu / watêkira luwih nastiti / nohan lèk gung wêlasan / wogan cêlêr tutut (mugên) / tulus banyu watêk lêmbat / wurung gêni panasbaran watêknèki / dadi wit tan kongkulan //

Dangu:

zie arèn.

Dangan:

wangsalan Tjent. kasêntana, olèh dening kadang.

Dungik:

of dêdungik zie endhang.Hal. 660 dan seterusnya.

--- 2 : 670 ---

Dingkik:

zie wit (injên-injênan).

Dongong:

zie wit (nipah).