Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Wa:

1. wa, pa, ba, ma, aksara lambe, 2. wa, aksara tayasastra zie ta, 3. wa, aksara môndaswara zie ya, 4. Pasangan wa ingaran: gêmbung, ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: takwa, 5. Gêmbung iku mèh padha bae karo panjingan, nanging drajade beda, kaya ta: kwali = klasa

6. Wêwênanging gêmbung ana ngarêp lan ana ing buri: beda, kaya ta: a. Ana ngarêp sumambung ing wanda sigêg kêna kaulur, kaya ta: tangan kwaga = tangan kuwaga. b. Ana ing buri dadi wêkasaning lingga ora kêna kaulur, kaya ta: satwa, ora: satuwa, nanging kêna tinulis sato. c. Ora mung pasangan: ka, ta, la bae kang bisa wutuh bali dadi aksara manèh yèn karakêtan gêmbung, sanadyan pasangan liya-liyane iya bisa bali wutuh dadi aksara manèh, kaya ta: ambukak dwara. d. Nanging panjingan ora bisa tumpuk têlu kayadene gêmbung, kudu kaulur, kaya ta: dipun talatosi, ora: dipun tlatosi, amarga gêmbung sumambung ing aksara, panjingan pisah.

--- 2 : 1059 ---

Wa:

Tj.B. upata

Wê:

niet

Wi:

1. Tj.B. lêpas, 2. Kw. luwih pêksa, bangêt. Wi gêmbili, thukule môngsa kapat D.K. 1906 no. 83.

Wu:

1. Tj.B. rame, 2. Kw. surak, ambêrngêngêng.

We Kw.:

padhang, bêning, banyu.

Wo:

niet

Wah:

1. Tj.B. akèh, 2. kw. sarta, woh, wuwuh, wèwèh.

Wêh Kw.:

wuwuh.

Wih Kw.:

luwih.

Wuh Kw.:

uwuh, wuwuh.

Wèh:

1. Tj.B. lila, 2. kw. pêparing, ngaturi, nguwèhi

Woh Kw.:

uwèh, kinang, pinang, jambe

Woh:

Ing ngisor iki araning woh kang ngêndêmi utawa anggatêli kaya ta:

cêmbirit, cubung of kêcubung, rawe, kêcacil (woh kusambi), pêron, palakriya, jarak cina, jarak kêpyar, nyamplung, menje (kluwak nom), bintarum, bêngkowang (woh bêsusu dhuwur)

--- 2 : 1060 ---

Ing ngisor iki araning woh sawatara, kang mêtu saka ing ngisor lan ing dhuwur, apadene dhangkèl kang lumrah kêna pinangan ing manungsa, kaya ta: otèk, uwi, êlo, nanas, namnam, nôngka, canthèl, cêrme, ceme, cêmèmès, rahu, ranti, ranti gèndhèl, rambutan, kacipir, kacang cina, kacang lanjaran, kara, krai, krandhing, krambil, kokosan, katès = katela gantung, kêtos

--- 2 : 1061 ---

katela, katela gantung, katilômpa, kuwèni, kuwèlêm, kawista, kaleca, klakêt,§ Isine kêna ginawe kalung bocah. kluwih, kluwak = pucung, kilayu, kalêmbak, kapundhung, kêpêl, kadhondhong, kêmunjing, kêmiri, kêmlandhingan, kêmlaka, kimpul, durèn, dalima, terong, talês, timun, têbu, sêntul, senthe, srikaya, saradan, carangan, sukun, sawo, sawo mênila, siwalan, suwêg, salak, sêmak, sêmôngka, sambèng, wuni, wrêsah, widara, waluh, walur, wijèn, linjik, lêcing, lombok, langsêp, pohung, pace, pucung = kluwak, pare, pakis, pakèl, pête, pêlêm, pijêtan, dhuku, dhuwêt, dhêle, jêruk, jirak, jètèn, jambu, jambe, jagung, jengkol, mundhu, mlinjo, mulwa

--- 2 : 1062 ---

maja, manggis, ganyong, garut, gowok, gudhe, gadhung, gêdhang, gayam, gêmbili, gêmbolo, bênja, bêsaran, bêstru, bêsusu, blimbing, blimbing wuluh, bligo en zie kirna

Woh Kw::

huma, wah, wipula, wyu, pala, palaka

Woh (matêng) Kw.:

ranti, matasan, matêp, bas, D.N.K. niet.

Woh (Cênthini):

Ing ngisor iki araning wowohan nganggo wangsalan, pêthikan saka layang Cênthini nalika Sèh Amongraga mênyang Wanamarta arêp katêmu karo Kyai Agêng Bayi Panurta, kaya ta:

nanas, rasaning gêni = panas / nôngka, turôngga buntal = plôngka / carême, pangantèn atut = carêm / rambut, sobrah sirah = rambut / kacapi, ciri pratôndha nawala = cap / kokosan, tanpa basa = ngoko / kuwèni, tinantang purun = wani / kawista, akèn luwar = wis ta / kaleca, janma cidra ing ubaya = maleca / kaluwih, punjuling wilangan = luwih

--- 2 : 1063 ---

kilayu, lare nututi = kêlayu / kalêmbak, siti andhap = lêbak / kapundhung, tumpang tindhih = undhung / kêpêl, pamuluking bukti = kêpêl / durèn, aso ing margi = lèrèn / dalima, paroning puluh = lima / sêntul, walêsan pikat = êntul / srikaya, asung pêkah = kêkaya / sukun, wong kaki-kaki = pikun / sawo, tansah kabrawuk = kasiwo of kacuwowo / salak, kêsusu aglis = kêsêlak / sêmak, kaca netra = têsmak / wuni, panatabing gamêlan = muni / warêsah, ora tata = rêsah K. / lo, pêndhok warni = kêmalo / pakèl, kang ambêsiwit = nakal of ngrèngkèl / pêlêm, wismaning priyayi = dalêm / pijêtan, padha gininda = pijêt / dhuku, trêpsila ajrih = mundhuk- mundhuk / dhuwêt, janma busana rikatan = uwêt / jêruk, dêdalaning bayi = turuk / jirak, saranging mangsi = sêrat / jambu, kang munggèng rêragi = bumbu / mundhu, tomboke janma totohan = wudhu / mlinjo, anggung tilik = tinjo /

--- 2 : 1064 ---

mulwa, têgal bôngka = maluwa / maja, janma mênging = aja / manggis, lunturing siti = gogos / gowok, rong munggèng kitri = gowok / gêdhang, pangêbanging basa = ginadhang / gayam, ngancam-ancam = ngayam-ayam / bulu, sandhangan manuk = wulu / balimbing, wangsul ing margi = bali

Wohingrat:

zie gôndakusuma

Wahan:

patih arya ... zie P.N. no. 18

Wahana:

iku araning bocah lair nuju ana ing paramean P.R.I 196 (14) En zie banyu

Waudadi:

zie banyu

Wi alas:

' = selok, yèn dikrawu aran: lunjar P.R.IV 159-5

Wuni Kw.:

lingan, en zie wit, en zie saloko, sarasêja, wangsalan Tjent. panataping gamêlan, olèh dening: muni

Wanodya:

zie wadu

Waniti:

zie gajah

Wanantara:

pangulu kyai gêdhe ... zie P.N. no. 34 en 35

Wani-wani:

zie gend

Wanengan:

' = prawiranom

Winong tawêngan:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII

Wanara:

verk v wananara = wong alasan, ing têmbang Ml. orang utan D.K. 1835 no. 52.

Wanakêrsa:

' = wong alasan, Sragèn letl. d.

Windu:

Ing ngisor iki aran sarta nêptuning windu, kaya ta: Sancaya nêptu 3, Adi nêptu 12, Kunthara nêptu 19, Sêngara nêptu 16

--- 2 : 1065 ---

Apa pêrlune nêptuning windu ? Ginawe anggolèki nêptuning tanggale môngsa wuku, zie môngsa wuku. Sawindu iku wolung taun, saline sabên taun Alip, nuju sasi Sura tanggal sapisan.

Windu:

'(ngupaya araning windu kang durung kasumurupan)

Mungguh pathokane ngupaya araning windu kang durung kasumurupan, kang wis utawa kang durung kalakon, iku mangkene: angkaning taun kang lumaku kawuwuhan 6, banjur kabage 32.

a. yèn kari 1 têkan 8 windu Sêngara, b. yèn kari 9 têkan 16, windu Sancaya, c. yèn kari 17 têkan 24 windu Adi, d. yèn kari 2 têkan cèplês, windu Kunthara

Saupama anggolèki windune sangkalaning Panggung Sônggabuwana: naga muluk tinitihan janma =1708, iku diwuwuhi 6 dadi 1714, banjur dibage 32, olèh paparan 53 turah 18, sarèhning ôngka 18 mau kalêbu ing ôngka 17-24 = letl. c bov, dadi sangkalaning panggung Sônggabuwana mau taun 1708 windu Adi.

Windu loro:

Sri, Sadana. Iku kanggo petunganing pawukon: Kulawu Langkir, yèn lakune angkat-angkataning pawukon dadi rong rambahan, [rambah...]

--- 2 : 1066 ---

[...an,] lawase padha amolung taun, diarani windu loro, kaya ta: 1. windu Sri, iku yèn tumapake taun Alip nuju wuku Langkir, 2. windu Sadana, iku yèn tumapake taun Alip nuju wuku Kulawu, gunggung têpunge ing dalêm rong windu: 16 taun. Kaetung nalika ing taun Alip ôngka 1795, kang lumaku windu Sadana.

Windu têtêlu:

1. Tirta: satriya nandhang wirang, 2. Seta: kèh pangadu-adu, 3. Baya: bubrahing kadhaton

Windu papat:

Kang lumaku sajrone windu, 1. Sancaya, 2. Adi, 3. Kunthara, 4. Sêngara

Windu papat iki kang kêlumrah sarta kêsumurupan ing akèh, kanggo petunganing taun môngsa, yèn lakune angkat-angkatane môngsa dadi patang rambahan lawase padha amolung taun, diarani windu papat, kaya ta:

1. Windu Sancaya, iku yèn sajroning sasi Mukharam ing taun Alip kaparêngan môngsa kapat. 2. Windu Adi, iku yèn sajroning sasi Mukaram ing taun Alip kaparêngan môngsa Kasa. 3. Windu Kunthara, iku yèn sajroning sasi Mukharam ing

--- 2 : 1067 ---

Alip kaparêngan môngsa kasapuluh. 4. Windu Sêngara, iku yèn sajroning sasi Mukaram ing taun Alip kaparêngan môngsa kapitu. Gunggung têpunge ing dalêm patang windu dadi 32 taun. Kaetung nalika taun Alip ôngka 1795

Kang lumaku windu Sancaya, dene kang lumaku saiki windu

Adi - Alip - 1835 t/m 1842

Kunthara - Alip - 1843 t/m 1850

Sêngara - Alip - 1851 t/m 1858

Sancaya - Alip - 1859 t/m 1866 enz.

Windu lêlima:

1. Guru, 2. Bayu, 3. Gangga, 4. Pratiwi, 5. Brama

Mungguh windu lêlima mau ngetung tumuwuhe prabawaning jagad, anut sirahing taun côndrasangkala tibane ana ing taun Alip, pratelane kaya ing ngisor iki:

1. Yèn taun Alip sirah siji windu Guru, tumuwuhe prabawaning langit akèh grahana sapanunggalane. 2. Yèn taun Alip sirah 9, windu Bayu, tumuwuhe prabawaning angin akèh prahara lesus. 3. Yèn taun Alip sirah 7, windu Gangga, tumuwuhe prabawaning banyu, akèh banjir ladhu. 4. yèn taun Alip sirah 5, windu Pratiwi, tumuwuhe prabawaning bumi, akèh lindhu gêdhe. 5. Yèn taun Alip sirah 3, windu Brama, tumuwuhe prabawaning gêni, akèh sasalad utawa gunung kobong.

--- 2 : 1068 ---

Gunggung têpunge ing dalêm limang windu dadi 40 taun. Kaetung nalika taun Alip ôngka 1795, kang lumaku windu Pratiwi

Windu nênêm:

Karara = karar, Hangkara = kara, Setra, Karta, Praniti, Pranila.

Mungguh windu nênêm mau ngetung wahyaning môngsakalane lêlakon, tumapake sabên taun Alip, dadi lawase padha molung taun, pratelane kaya ing ngisor iki:

1. windu Karara, ana kang ngarani karar, wahyaning pagawean. 2. windu Hangkara, ana kang ngarani: kara, wahyaning prakara. 3. windu Setra, wahyaning lêlara, ana pagêblug gêdhe. 4. windu Karta, wahyaning karaharjan. 5. windu Praniti, wahyaning tumuwuhing wiji-wiji. 6. windu Pranila, wahyaning pangupajiwa.

Gunggung têpunge ing dalêm nêm windu dadi 48 taun. Kaetung nalika taun Alip ôngka 1795. Kang lumaku windu Setra

--- 2 : 1069 ---

Windu pêpitu:

Ing ngisor iki aran sarta watake windu pêpitu, kaya ta: Hantara: wong cilik padha suka-suka, Mênila: wong sabrang padha angajawa, Sêngara: buta pêrang lan kêthèk, Murka: ratu nawung bêndu, Mangkara: wong cilik padha lali marang wajibe, Manggada: akèh kêncana pêra (= mas ure), Kuwônda: wong sabrang padha mulih

Windu wêwolu:

Pranata, Karti, Sêmbawa, Sêmbada, Hanala, Sabara, Prabawa, Pramana

Mungguh windu wêwolu mau ngetung têpunge para warganing pawukon kabèh, kaya ta: lakuning padewan, pandangon, paringkêlan, sapanunggalane, kang padha nartani lakuning pawukon ora susah nganggo kaangrêmake tumindake sabên taun Alip, dadi lawase padha amolung taun, pratelane kaya ing ngisor iki:

--- 2 : 1070 ---

1. windu Pranata, tumapake ing taun Alip windu Adi, 2. windu Karti, tumapake ing taun Alip windu Kunthara, 3. windu Sêmbawa tumapake ing taun Alip windu Sêngara, 4. windu Sêmbada tumapake ing taun Alip windu Sancaya, 5. windu Hanala tumapake ing taun Alip windu Adi, 6. windu Sabara tumapake ing taun Alip windu Kunthara, 7. windu Prabawa tumapake ing taun Alip windu Sêngara, 8. windu Pramana tumapake ing taun Alip windu Sancaya.

Gunggung têpunge ing dalêm wolung windu dadi 64 taun, kaetung nalika taun Alip ôngka 1795 kang lumaku windu Pramana. Anane windu wêwolu dhèk jaman Kartasura nuju taun Côndrasangkala Alip 1627 utawa taun Suryasangkala ôngka 1578.Angka tahun ini bila disejajarkan dengan tahun Candrasangkala 1627 rasanya kurang tepat.

Windu sapuluh:

Hantara, Mênila, Sangkara, Murka, Mangkara, Manggada, Kuwônda, Tirta, Seta, Baya

--- 2 : 1071 ---

Mungguh windu sapuluh mau mung nartani lakuning windu lima bae, minôngka dadi angkat-angkatan tumapake ana ing windu papat, pratelane kaya ing ngisor iki:

1. windu Hantara, tumapake ing taun Alip windu Adi karo windu Sêngara padha sirah 1.

2. windu Mênila, tumapake ing taun Alip windu Kunthara karo windu Sancaya, padha sirah 9.

3. windu Sangkara, tumapake ing taun Alip windu Sêngara karo windu Adi, padha sirah 7.

4. windu Murka, tumapake ing taun Alip windu Sancaya karo windu Kunthara, padha sirah 5.

5. windu Mangkara, tumapake ing taun Alip windu Adi karo windu Sêngara, padha sirah 3.

6. windu Magada, tumapake ing taun Alip windu Kunthara karo windu Sancaya, padha sirah 1.

7. windu Kuwônda, tumapake ing taun Alip windu Sêngara karo windu Adi padha sirah 9.

8. windu Tirta, tumapake ing taun Alip windu Sancaya karo windu Kunthara, padha sirah 7.

9. windu Seta, tumapake ing taun Alip windu Adi karo windu Sêngara, padha sirah 5.

10. windu Baya, tumapake ing taun Alip windu Kunthara karo windu Sancaya, padha sirah 3.

Gunggung têpunge tumindak ping pindho utawa rong lakon [la...]

--- 2 : 1072 ---

[...kon] dadi 160 taun.

Kaetung nalika taun Alip ôngka 1795. Kang lumaku windu Murka. Anane windu sapuluh dhèk jaman Kartasura, nuju taun Côndrasangkala Alip 1627 utawa taun Suryasangkala 1578.Angka tahun ini bila disejajarkan dengan tahun Candrasangkala 1627 rasanya kurang tepat.

Wônda:

Paugêraning wônda iku katon ana ing paraupan, tênggak sapandhuwur. Wayang kang anduwèni wônda mung sawatara, kaya ta: Krêsna, Dasamuka, Sêtyaki, Suyudana, Sêmar, Sumbadra, Wêrkudara, Larairêng, Petruk, Pamade, Janaka, Yudhisthira, Gathutkaca, Banowati, Buta Ratu, Baladewa, Bambang

Wêndra (waduaji):

têgêse: woh

Windusana:

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV yasa gamêlan pelog, kaparingan aran: Kyai Windusana.

Windudaka:

êmpu ... zie P.N. no. 4

Wantu (katuranggan):

Têmbung: kawantonan, têgêse: kagêbug, utawa dicêmêthi zie laku letl. a

--- 2 : 1073 ---

Wuntu:

zie wastu

Wuntu:

' = kabisah,Kabisat (dan di tempat lain). iya iku umuring taun Jawa 355 dina, Walônda 366 dina.

Wintêr kunêng:

têgêse: kèndêl ing adhêm, iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

a. Wintêr kunêng

b. Wintêr kunêng kêpêt kuning, c. Wintêr kunêng kêpêt putih ... pasabane ing pasisir

d. Wintêr kunêng buntut abang, pasabane ing kêkayon, unine bêcik.

Wanasari:

zie Img. no. 36

Wanasari:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. e

Wanasalam:

kyai agêng ... zie Selo no. 10-1

Wanasalam:

patih adipati ... zie P.N. no. 28 en patih no. 2 (Sul Dem III 22 t.) iku putrane Tumênggung Mangkurat.

Wanawasa:

zie gunung

Wanalapa:

jaksa kyai agêng ... zie P.N. no. 26.

Wanasaba:

zie Sel no. 9

Wanasaba:

zie pangulu kyai agêng ... zie P.N. no. 33 en 34

Wandhan:

zie Img. no. 7

--- 2 : 1074 ---

Wanabaya:

(Sela) pasarean, Kyai Agêng Kuning marasêpuhe Kyai Agêng Sêsela

War:

1. Tj.B. ilang, 2. kw. undhang, angkat, laku.

Wêr:

Tj.B. sangkrah

Wir:

1. Tj.B. agung, 2. kw. ômba

Wur:

1. Tj.B. ilang, 2. kw. wudhar.

Wèr:

Tj.B. hawa.

Wor Kw.:

ilang, rusak, wudhar

Waru:

zie abdi dalêm Surakarta letl. d

Waru Kw.:

hambaru, wande, lêngis (warulanang) gombong (waru wadon).

Warih:

zie banyu

Wirautama:

(= carangan), zie abdi dalêm prajurit, letl. b

--- 2 : 1075 ---

Wirautama:

' = carangan, prajurit jêro

Mayor 1, Ridmistêr 1, Irstê Litnan 1, Twèdhê Litnan 1, Twèdhê Litnan 1, Twèdhê Litnan 1, Wahmistêr 5, Bragêdhir 10, Trêbis 10, Saradhadhu 89, Poliyêr 1, Ajudan ondêr upsir 2, Panambur 2, Panylomprèt 1, Panyuling 2, Kaum 2. Gunggung 130

--- 2 : 1076 ---

Wrahatbala:

zie gend. En zie bala

Warna:

zie banyu. Warna iku dhasare putih, banjur bisa dadi abang, irêng, ijo, kuning sarta liya-liyane antaraning rupa loro, kaya ta:

a. putih, dadi jambon, jingga, abang, wungu. b. putih, dadi gêdhah, biru laut tuwa, irêng langking (gilap). c. putih, dadi ijo godhong, dhulang, lugu, gêndul. d. putih, dadi kuni kuning. gadhing, nêmugiring, ambêngle keris, ngunir bosok.

Antaraning rupa patang bagean mau bisa nganakake rupa liyane manèh kaya ta: klawu, kapurônta (kuning kaworan abang) dadu (biru kaworan wungu) lan liya-liyane. Kaluwihane warna ora nganggo têmbung: bangêt, duwe têmbung dhewe-dhewe, têgêse bangêt kaya ta: irêng jangês, wungu gêndul, ijo royo-royo, putih mêmplak, abang branang, biru laut = langit, kuning maya-maya

Wiron:

zie srandu katuranggan

Warana:

zie wadu

--- 2 : 1077 ---

Wrêna Kw.:

nôndha, kalandaru, srisawa, winaba, lipta.

Wêrani (kawruh êmpu):

Wêsi wêrani rupane kaya kêmbang têlêng, asale saka pasir lêmah gunung Selan, rupane angungkuli sakèhing wêsi kabèh, kamandène bisa ambosokake kulit, daging otot lan balung, yèn dithinthing unine: ngêng, gunane kêna ginawe sabarangan, yèn didagakake milalati, yèn ginawe laku durjana, utawa rêgêd panganggone: arang kang kêlar, yèn ginawe laku suci utawa bênêr, gêlis olèh kalungguhan, munggah- munggah dadi wong gêdhe, nanging yèn ora kêlar malarati, watêke têguh yuwana slamêt, lan bisa malumpat adoh, tuwin ora katon, yèn ginawe ngamuk ana ing paprangan: ora ana mungsuhe, iya saking sêktine, pangane balung wolung lan êndhasing ula: didhêplok, banyune jêruk pêcêl, yèn kayu urup, dicêncêm sapuluh dina, lêngane kalêntik krambil ijo.

Wêrani:

en malik. Wêsi wêrani kaworan wêsi malik, iku dadi wêsi ala, rupane putih pucêt amêrkutuk, yèn dithinthing unine: thong, anggêrêng, sadhapur-dhapure wêsi iku kang nganggo amêsthi duwe lara [la...]

--- 2 : 1078 ---

[...ra] gêdhe, lumpuh utawa lara balung, lan kêtaton, yèn kêris iku ora dibuwang marang sêgara, ora bisa waras kang nganggo iku, iya iku kang diarani durga ngêrik, ora kêna dianggo pêpadhaning manungsa iku ala bangêt, dèn ngati-ati.

Wiruci:

brahmana rêsi ... zie P.N. no. 17

Wirarêja:

patih adipati ... zie P.N. no. 36 en zie Patih no 7

Wirarêja:

patih adipati ... zie P.N. no 42 zie Patih no 15. Adipati Wirarêja pêpatih ing Mataram, (Mrt. 22 t) iku putrane: Ngabèi Wiramantri, Tumênggung Wirarêja, Radèn Arya Wiramanggala, Pangeran Adipati Mangkubumi, putrane Kyai Agêng Mataram (= Pamanahan).

Adipati Wirarêja pêpatih ing Kartasura (P.B. II. 5 t) iku putrane Kyai Mayapatra, Pangeran Jungut, Pangeran Balitar, Pangeran Ngawôngga, Sunan Ngudung.

Wirarêja, radèn tumênggung ... en nyai ... zie M.H no 2 en 3.

Warak:

iku dumunung ing tanah Asiyah.

Warak Kw. hancarma, hêndhêpan, hancarma, karthupa, durgangga, sandêla, sartupa, warkapati, libra, librah, panyula, barkita, bargita.

Wuruk (waduaji):

têgêse: kusiring padhati, kuwajibane kabubuhan ngajar lan anggirèkake rakitaning titihan padhati, kaparingan lungguh bumi desa 100 karya utawa 25 jung.

Wirakarsa:

kyai ... zie K.G no 76

Wêrkudara (padhalangan):

wandane lintang, lindhu sarta mimis, lintang: longok, lindhu wingwing andhingkluk, mimis: lagune lêmu èndhèk,

--- 2 : 1079 ---

praupane bundêr, zie Sêtyaki.

Wurda (waduaji):

têgêse: andadi.

Wrêdaningrum:

radèn ayu ... zie K.S. no. 16.

Waradarma:

Adêge pakumpulan Waradarma nalika ping 15 Juni 1905 wayah jam 8 sore, ana ing Abipraya, panggêdhene tuwan E. Moody.

Wiradipura:

R. sumare ing Ngrancah.

Wirit:

(Cênthini)

Asmarandana

Panjalin tulak ron aking / trate pita ing dharatan / tingalana rêragane / yèn kapurba ing Pangeran / obor têgal siluman / palêstane ing pamuwus /aywa mamang anèng dunya //

Yèn urip wêkasan pati / sandhang lawe môngsa wohan / dening patrine wong pandhe / linglingên sariranira / ywa pijêr nguja ujar / ya hu Allah kuntul biru / thêruk seta ing Bênggala //

Cêngak-cêngèk lir raywa lit / nora pijêr anèng dunya / mênyan seta upamine / ya ilahu jênu tawa / tiwase uripira / pan katungkul luru-luru / dening sasmitaning netra //

Dodotaning wong pawèstri / ngulatana ingkang nyata / sampurnaning kawruh kabèh / wong gêmêti kêkeceran / kalasa jinamang bang / eman-eman wong tumuwuh / yèn kalakon mati bôngka //

Gudhe pandhak wong aurip / prajaning kuranji ika / krondhowan papa têmahe / puspa ranu yahu Allah / swarane pra bujôngga / uripira anglir tunjung / atuwuh tanpa talaga //

Wong têtanya wusing kardi / sapa ndadèkakên sira / pêksi krêndha lae-lae / dewatane kang gambira / sabdaning guru nyata / dadi lawan dhèwèkipun / sarjana juluk satriya //

Ngêndi gon Pangranirèki / bêrkutut gung yahu Allah /

--- 2 : 1080 ---

kang pêtis cinandu raos / iya iku ucapêna / kang angucap lan sira / patanya gambirèng kutuk / sapa molahakên sira //

Minangkara ya ilahi / kang praja angapus gita / kasat mataning osike / tanpa karana nèng dunya / patakon pangupaya / sasana pacalang laku / êndi gon kang dhingin pisan //

Sawo sêmpal saupami / surya latri jiwangkara / saking ora pinangkane / mulane sun dadi ana / lêlungan wusing gêsang / ngêndi parane yèn lampus / tapas arèn yahu Allah //

Lata pindha buntala di / ulih mara pan waluya / mulya kadya duk norane / sana prabu kunir pita / jro pati nêmu apa / pangantèn lagya pinagut / juluk putra ing Jênggala //

Dene jroning pati iki / nora nêmu paran-paran / kang guladrawa dhuh lae / nata yaksa purubaya / wuta tuli mukanya / bisu tan pêgat amuwus / lah ing ngêndi goning suksma //

Warata:

zie gunung.

Wratsari:

wangsalan Tjent. = bobot.

Wiratma:

pujôngga êmpu ... zie P.N. no. 8, 9 en 10.

Warêsah:

wangsalan Tjent. kang nora tata, olèh dening rêsah k.

Wirasoca:

iwak, wangsalan Tjent. Jayèngcincin, jayèng = wira, cincin Ml = soca = ali-ali.

Wirasastra:

pujangga ngabèi ... zie P.N. no. 38 en 39.

Warini:

zie tulis.

Worawari:

radèn arya ... zie Red. no.4.

Worawari (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris worawari: bênêr, kabèh kêris kang nganggo gusèn aran: worawari.

Worawari:

wangsalan Tjent. anggung liwat, olèh dening: wira-wiri.

Worawari rumpuk:

zie bathikan.

Worawari bang Kw.:

wonga talindhang, wonga wari.

Wirapraba:

jaksa kyai juru ... zie P.N.no. 33. en. zie K.G.no.48.

Waruju:

sunan ... zie wali no. 25.

--- 2 : 1081 ---

Wiryanagara:

Radèn tumênggung ... zie Sel no.13.

Wirayuda:

Kaliwon jaksa radèn ngabèi ... zie P.N.no.48.

Wiryadiningrat:

Radèn ayu ... zie Img.no.118.

Wiryadiningrat:

Radèn ayu putra P.B.IX. zie Img.no.211.

Wiryadiningrat:

radèn tumênggung ... zie K.G.no.70.

Wiryadiningrat:

radèn tumênggung ... zie rêmbe.

Wiramênggala:

pangeran ... zie K.G.no.33.

Wiraguna:

patih jêro tumênggung ... zie P.N.no.38. Kyai Tumênggung Wiraguna Patih jêro ing Kartasura (Mrt 1 t en Mrt. ms. 3 t) iku putrane Kyai Tumênggung Wiraguna, Radèn Ayu Wiramantri, Radèn Riya Wiramanggala.

Wiraguna:

tumênggung ... zie K.G.no.12.

Wrêgul Kw.:

tlana, sababa, sênggir, wurikta, wurikla, baglana

Wuragil:

pangeran ... zie K.G.no.29.

Warigalit:

zie wuku.

Warigagung:

zie wuku.

Wiratha:

Kang jumênêng nata ing Wiratha 1. Prabu Basurata, sinangkalan: sirna ilang cature (400), 2. Prabu Basupati, sinangkalan: guwa anrusing samudra (499), 3. Prabu Basukèsthi, sinangkalan: catur saliraning buta (584), 4. Prabu Basukeswara, sinangkalan: mantri umatur ing rasa (673), 5. Prabu Maswapati, sinangkalan: naga rupa anywara (718).

Wiratha = Banyumas T.P. 1905 no. 136.

Wringin Kw.:

kanoya, wandira, prih, prèh, mandira, gurda, bringin zie Surakarta. Panandure wringin kurung ing Surakarta barêng sadina lan pangalihing nagara (P.B.II.) sinangkalan: barakaning pandhita winayang tunggal, taun Je (1670) waringin kang wetan ingaran: Tejadaru, kang kulon: Wijayadaru, iki sulaya karo kang muni ing layang J.Z. Roorda 34 art 21. Kn de Holl. 7 art. 10 aran: Jayandaru, Dewandaru. Lan ana manèh waringin Wok, Jenggot, Gung sarta Binatur.

Wirangrong:

' = kuswawirangrong, têgêse: susah, anggitane Kêthèk Anoman, zie J.K. 1900 no. 63, zie kuswawirangrong.

i - o - u - i - a - a // 8 - 8 - 810 - 6/07/2008

Andudulu ing samargi / langêning ênu katongton / sirêm-sirêm Sang Hyang Ima naput / pak-ampak ngalangi / luhure sri narendra / Risang Arjunawijaya //

Warôngka:

Warôngka kêris iku bakale kang akèh kayu trêmbalo utawa Cêndhana, tuwin timaha, ana uga liyane, kaya ta: gembol kayu jati, kayu pakèl, kayu adhêm-ati, kayu urip lan liya-liyane manèh, dene wangune kaya ing ngisor

--- 2 : 1082 ---

iki: ladrang, capu, kadipatèn, kasatriyan, kagok kasatriyan, pamotan lan liya-liyane.

gayaman, banceyan

Warôngka cet-cetan.:

a. Warôngka cet-cetan polèng nganggo cêplok gêmbokan, iku panganggone kalangênan dalêm badhut. b. Warôngka cèt-cèncet-cetan. ora nganggo cêplok gêmbokagêmbokan. panganggone kalangênan dalêm kalawija dhêngkak, wujil, bule sapêpadhane.

Warôngka pulas dhasar kayu:

Iku agêming ratu, putra sêntana luwih manèh para abdi dalêm padha ora kalilan nganggo, kang nêrak kêna ing larangan, kasêbut ing layang undhang-undhang dalêm P.B.IV. katitimangsan ping 5 Jumadilawal Ehe ôngka 1716. Dene kang nganggo dhasar pulas biru, ijo lan liya-liyane para putra sêntana dalêm kalilan nganggo.

Wirèng tamèng towok:

zie kêbo lahang.

Wok:

zie dhatu (5).

Wiku:

zie pandhita (4), têgêse wiku: kang wis ora kasamaran marang sawiji-wijining dumadi, utawa sumurup marang saliring kahanan kabèh.

Wuku:

Ing ngisor iki araning wuku têlung puluh, kaya ta: Sinta, Landêp, Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Môndhasiya, Julungpujud,

[...]Halaman 1083-1087 hilang (teks asli tidak ada). Adapun alih aksara halaman ini diambil dari Fotokopi teks Latin Bauwarna Jilid 2 koleksi Museum Sanabudaya Yogyakarta. Pahang, Kuruwêlut, Mrakèh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manail, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, Watugunung. zie B. T. D. 2 - 3 v o.

Umuring wuku iku pitung dina, saline sabên dina Ngahad, sarèhning ora gampang elinge, prayoga mawa apalan, kaya ta:

Wuku

[Dhandhanggula]

Sinta, Landêp, Wukir, lan Kurantil / Tolu, Gumbrêg, Warigalit, lawan / Warigagung Julungwange / Sungsang Galunganipun / Kuningan Langkir MandhasihKurang satu suku kata: Kuningan Langkir Mandhasyasih. / Julungpujud lan Pahang / Kruwlut Mrakèh Tambur / Madhangkungan Maktal Wuwya / Manail Prangbakat Bala Wugu Ringgit / Klawu Dhukut Selarga //

Têpunging wuku ing dalêm 35 dina. Tumbuking wuku ing dalêm 16 taun.

Wuku (kang nunggal dina pasarane)

a. Sinta, Gumbrêg, Galungan, Pahang, Maktal, Wugu ... Ngahad Paing

b. Landêp, Warigalit, Kuningan, Kuruwêlut, Wuye, Wayang ... Ngahad Wage.

c. Wukir, Warigagung, Langkir, Mrakèh, Manail, Kulawu ... Ngahad Lêgi

d. Kurantil, Julungwangi, Mandhasiya, Tambir, Prangbakat, Dhukut ... Ngahad Pon

e. Tolu, Sungsang, Julungpujut, Madhangkungan, Bala, Watugunung ... Ngahad Kaliwon

Wuku (ngupaya wuku kang durung kasumurupan, zie Brm. 1908 no. 31.

Pêthikan Bramartani ôngka 31 taun 1908.

Pêpathokaning ngupadosi wuku ing dintên ingkang katamtokakên makatên, nêptuning taun kagunggung kalihan nêptuning wulan, kawêwahan tanggaling wulan wau, Nêptu wau tigang warni, ingkang satunggal cacahing wuku, satunggalipun cacahing dintên, satunggalipun malih cacahing pêkênan.

Panggunggunging pêkênan kawêwahan tanggaling wulan, lajêng kabucal 5 - 5, ngantos kantun 5 utawi kirang, punika kaurut saking paing, tamtu kapanggih pêkênanipun tanggal ingkang katamtokakên wau.

Pamêndhêtipun 7 - 7 wau sabên 7 kaetang wuku satunggal, yèn 14 inggih wuku kalih, yèn 21 inggih wuku tiga, makatên salajêngipun, wuku racutan saking dintên punika sapintên kathahipun, tumut kagunggung katunggilakên kaliyan wuku ingkang badhe kagunggung.

Panggunggunging wuku kawêwahan wuku racutan saking dintên wau. Yèn kapanggihing gunggungan langkung saking 30 ingkang tigang dasa kabucal, yèn langkung saking 60 ingkang sawidak kabucal. Ingkang kadamêl dados namung 30 sapangandhap. Punika kaurut saking Sinta, têmtu kapanggih namaning wuku ingkang dipun padosi. Dene dintên 7 sapangandhap, punika dintênipun wuku ingkang kapanggih wau. Ing ngandhap punika pratelaning nêptu-nêptu wau.

Uruting Wuku: 1. Sinta, 2. Landêp, 3. Wukir, 4. Kurantil, 5. Tolu, 6. Gumbrêg, 7. Warigalit, 8. Warigagung, 9. Julungwangi, 10. Sungsang, 11. Galungan, 12. Kuningan, 13. Langkir, 14. Môndhasiya, 15. Julungpujud, 16. Pahang, 17. Kuruwêlut, 18. Marakèh, 19. Tambir, 20. Madhangkungan, 21. Maktal, 22. Wuye, 23. Manail, 24. Prangbakat, 25. Bala, 26. Wugu, 27. Wayang, 28. Kulawu, 29 Dhukut, 30. Watugunung.

Wuku.

Pathokan punika kangge salêbêting kurup Arbangiyah ingkang tumindak sapunika, wiwit taun Jawi 1747, dumugi 1866, benjing yèn santun kurup Salasiyah, gunggunganing dintên kaliyan gunggunganing pêkênan kêdah kasuda nyatunggal. Benjing Isnènniyah kasuda ngalih, benjing Akadiyah kasuda niga. Kosok wangsulipun kala kurup Kamsiyah gunggungipun dintên kaliyan gunggungipun pêkênan kêdah kawêwahan nyatunggal, kala Jamngiyah kawêwahan ngalih, kala Sabtiyah kawêwahan niga, makatên sapiturutipun, sabên santun kurup utawi mangsuli kurup, panyuda utawi wêwahanipun mindhak mindhak nyatunggal, dados pathokan punika kangge salaminipun.

Upaminipun, badhe ngupadosi wukunipun tanggal kaping 26 wulan Mulud taun Je 1838 windu Adi. Pangetangipun kados ing ngandhap punika.

wuku, dintên, pêkênan., Nêptuning taun Je windu Adi, 15, 2, 5, Nêptuning wulan Mulud, 8, 3, 4, Tanggal wulan Mulud, 26, 26, Wuku racutan saking dintên, 4, Gunggung, 31, 35, Dadosipun, 27, 3, 5, Wayang, Slasa, Lêgi[grafik].

Gunggungipun pêkênan kapanggih 35, punika kabucal 5 - 5 kantun 5. kaurut saking Paing dhawah Lêgi.

Gunggungipun dintên kapanggih 31. punika kapêndhêt 7 - 7 kantun 3. kaurut saking Akad dhawah Slasa.

Pamêndhêtipun 7 - 7 wau rambah kaping 4. punika manjing dados wuku racutan 4.

Gunggunging wuku kalêbêt wuku racutan saking dintên kapanggih 27, kaurut saking Sinta dhawah Wayang.

Sapunika kapanggih, tanggal kaping 26 Mulud taun Je 1838, windu Adi, punika dhawah dintên Slasa Lêgi wuku

Wuku

Wayang.

Sasampunipun kapanggih wukunipun, bab Dewa dintên, pandangon, paringkêlan sapanunggilanipun, lajêng dipun upadosana wontên ing sêrat pawukon, tamtu lajêng kapanggih sadaya.

Juru ngarang.

Wuku a. Sinta = Basundari. b. Landêp = Basuwati.

padha sadulur, putrane Sang Hyang Antaboga, kagarwa Prabu Palindriya ing Mêndhanggêle. Dèwi Sinta patutan R. Dhukut, R. Wudhug, iya Radite, iya Watugunung.

c. Watugunung, wusana Dèwi Sinta pisah lan ingkang raka kalunta-lunta, kasamaran ing laku dadi kagarwa marang putra dhewe Prabu Watugunung, patutan siji aran R. Radeya = Sindhula (kama salah) ora kalêbu ing pawukon.

Dèwi Landêp pêputra R.

d. Wukir, dene R.

e. Kurantil, enz. (26) putrane Prabu Palindriya padha mêtu saka garwa ampeyan.

Ringkêsane wuku têlung puluh saka Prabu Watugunung: ibu lan bibi = 3. sadulur saka pramèswari siji = 4 sadulur saka ampeyan nêm likur = 30.

Wukir:

zie wuku en gunung R. Wukir putrane Dèwi Landêp, patutan saka Prabu Palindriya (= R. Rêspati) ing Mêdhanggêle, sadulure Prabu Watugunung.

Wiku Rombang:

patih ngrangkêp brahmana rêsi ... zie P.N. 6/a.

Wadu:

' = wadon zie wadon. Ing ngisor iki pradikaning wadon, kaya ta:

Kintaka: yèn wis môngsa, Wadi, Kênya: yèn prawan, Taruni: yèn durung môngsa, Sarika: yèn wis manak, Wanodya: yèn wis krama, Warana: yèn anèng paprangan, Lantasi: yèn anèng saba paran, Wahila: yèn piningit.

Wêdi:

zie rèh letl. g.

Wuda:

wong tuwa turu wuda dadi pangane Bathara Kala.

Waduaji:

zie punggawa. Sêsêbutan utawa pangkat lan kuwajibane para punggawaning Ratu ing jaman kuna, kaya ta:

Ôndhomoi Kw, Tôndhamoi ... limpat marang pakarti. Kapatah amêminta pagaweaning abdi dalêm kriya / Arya, luhur utawa padhang / Aryaniti, wadana sêtya utawa gêdhong / Aryakaddha, wadana magang / Aryatiron, wadana pangulat-ulat (têlik) / Aryaleka, wadana pananggalan / Aryapêpati, wadana parentah / Aryajômba, wadana pasucèn / Aryamanguri, wadana pangudharan, winênangake ngowahi karampungan kang nalisir / Adèn-adèn pangkat pangulu utawa panglawe / Adipati, panggêdhening parentah / Adipati kupu, adipati kang wis mardika / Ulubalang, pangarêping pacalang, utawa juru nglakokake layang = palayangan, marang ing ngamanca / Umbul, pêpundhèn, pangkat panatus / Niyaka, panunggul / Radèn vêrk. v. rahadèn, v. rahadi, sêsotya, utawa bagus / Radèn Mas, sêsotya êmbanan kêncana / Radèn Bagus, sêsotya bêcik / Ratu, nyarambahi / Rôngga, wêngku / Kaum, jêjênêng / Kandhuruwan, Paserenan / Karêrêngan, juru nganglang sajroning pura / Karaman, arahan, wong cilik kang ora nyôngga gawe ngindhung nyagak pat /

--- 2 : 1088 ---

Kaliwon, kapiji, utawa rong èwu / Kajinêman, ngulat-ulatake laku kadurjan sajroning nagara / Kiyai, utawa kaki / Kabayan, lantaran / Kangjêng, ingkang suku / Daksa = jaksa, sujana, wong wicaksana kabubuhan anggarap prakara / Dêmang, bêbundhêl / Tôndhamoi = ôndhamoi / Tôndhamantri, juru mupu beya ing pasar-pasar / Tuwarawa (= juru silêm) kang kapatah misaya iwak kali zie wwz 44-7 T.A. 174-10 v.o. en. Wh / Tuwaburu, kang kapatah ambêbêdhag buron alas / Tumênggung: dhênggung utawa têtindhih / Sinangharya, sinêbut luhur / Santri, sakabat utawa panakawan / Senapati, mangku parentah / Suratani, kêkêndêlane wong cilik kang nyôngga gawening ratu, lungguhe saparoning paragak / Susuhunan, pêpundhèn? zie ratu bov / Singasari = singabarong, prajurit kang kapatah rumêksa para biyadaning ratu / Wirancana = anglingan, iya iku prajurit miji / Wuruk, kusiring padhati titihaning ratu yèn bêdhatbêdhag. [bê...]

--- 2 : 1089 ---

[...dhat]

pikat mênyang ing alas / Wirasinga, pikuwat, iya iku prajurit jaba / Wirajanu, sanglingan, iya iku prajurit pinilih / Wirajaya, karajan, iya iku prajurit jêro / Warigaluh zie tuwarawa bov / Wanada, pangarêp / Lurah, ulu-ulu, lungguhe saparoning panglawe zie adèn-adèn bov / Pane ? panggondhèl / Panèwu, golongan utawa sèwu / Panêmbahan, kang sinêmbah / Pandêlêgan, juru tênung, utawa nujum / Panji, têtunggul, banthèng, sor-sorane lurah pangarêping prajurit / Panjangjiwa of jihwa (jiwa zva nyawa, jihwa zva lidhah) kang kabubuhan andhawuhake parentah / Panunggul, kang kapatah ngêrèh para wadya pamagang / Pêcattôndha (= ôndha) wadana pabeyan sarta pa (ka) bandaran laut / Prameya bôngsa linuwih / Paragak, tugu, ngrampungi prakara cilik-cilik ing desa kang kêna dipirukun, lungguhe saparoning bêkêl / Pakathik, kanthi /

--- 2 : 1090 ---

Patih, parentah / Patyatandha, wadana pabeyan, utawa pa(ka)bandaran dharat / Patinggi, pamangkat, lungguhe saparoning lurah / Pasêmpan, têlik / Pasingsingan, kang kapatah mariksani wadya kriya / Palimpingan, juru pralambang utawa ulah jangkaning praja / Palingsingan, kang kapatah ngêrèh wadya anon-anon / Pujôngga, wong wignya, kang kapatah ulah kasusastran, minôngka damaring praja / Pamotan, kang kêna pinitaya ing gusti asimpên wadining praja / Pangeran verk. v. pangeran, van ngèr, pangawulan / Pangulu, sêsirah utawa pangarêp / Pangalasan, kang kapatah amèk kayu ing alas / Panglima, mantri môncalima / Punggawa, pangayap / Jômbaleka, mantri tuwarawa, utawa misaya iwak kali zie tuwarawa bov / Mantri, linuwih / Gandhèk: anggandhèk, ngêmban timbalaning ratu / Gusti, rahsa, gunêm, pasêbutan / Bandara, aub-aub, têtuwa /

--- 2 : 1091 ---

Bêkêl, tunggu, utawa ancêr, lungguhe saparoning patinggi / Bupati, bawahaning parentah / Bêbuyut, têtuwa, pangkat panèkêt / Ngulama, ulah ngèlmu / Ngabèi, ngimpuni.

Wadon.:

Ing ngisor iki araning wadon kang kasêbut ing layang D.N.K 10, J.Z.I. 368-5 iya 10, nanging kang cocog mung 3, dadi wuwuh 7, saka layang tulisan liyane 8, gunggung 25 kaya ta: hastri, hèstri, nikèn, kintaka, kanya, kênya, kêmini, dyah, duhita, dèwi, dayita, taruni, sarika, wahita, wahila, wanita, wanudya, wara, waranggana, wadu, lantasi, pawèstri, mardadu, marmadu, garini, zie wong

Wadana:

zie nayaka.

Wadana mantri (waduaji):

Têgêse pangarêping mantri, kuwajibane nampani parentah saka kabayan, samubarang prakara kang mêtu saka kabupatèn, lan seba Sênèn Kêmis, tuwin tungguk kêmit, lan tumindak utusan kang pêrlu, kaparingan lungguh bumi desa 1000 karya, utawa 250 jung, wadana mantri mau banjur katêlah ingaran: panèwu, kagawa saka lungguhe 1000 karya.

--- 2 : 1092 ---

Wadêrkok:

Bab wadêrkok.

Wadêr iku bangsaning iwak kali utawa rawa, wujude cilik, sarta nganggo sisik, dadi kalêbu golonganing iwak wedok, awit iwak kang asisik iku lumrahe diarani: bangsaning iwak wedok, kang ora sisik diarani iwak lanang, jênênging wadêr mau kaya ta: wadêrkok, wadêr pari, wadêr pethak, wadêr bang, lan sapanunggalane.

Wadêr kang dadi kalangênan iku wadêrkok, lan wadêr bang, awit gampang pangupakarane, anyênêngake kanggo ingon-ingon, kêna diwadhahi ing jêmbangan utawa tong.

Wadêrkok iku asale saka ing nagara Cina, mula kok, iya têmbung Cina, têgêse: kodhok, ana kang nêgêsi: bundêr, mirit wujude cêndhak-cêndhak, têgês loro mau mèmpêr kabèh, mungguh wadêrkok mau ana kang asal saka ing Arab, sarta ing Kuthagêdhe Ngayogyakarta.

Bab bedane.

Mungguh bab bedane wadêr têlung bab mau, kang wus kasumurupan katrangane kaya ing ngisor iki: 1. Kang asal saka nagara Cina, badan cêndhak, mata mungal, sawênèh gêdhe mêndêlo. 2. Kang asal sasaka. Kuthagêdhe Ngayugyakarta, badan dawa, kèpèt dawa, janggêl cilik dawa. 3. Kang asal saka Ngarab, badan nyêmpluk, kèpèt dawa.

Bab rupa utawa ulês.

Dene ulêse wadêrkok mau kang wus kawruhan ing akèh kaya ta:

--- 2 : 1093 ---

1. Irêng mêlês. 2. Irêng sulak abang. 3. Irêng sulak ijo. 4. Irêng sulak kuning. 5. Irêng sulak wungu. 6. Irêng sulak biru. 7. Putih byur. 8. Putih sulak abang. 9. Putih sulak kuning. 10. Abang byur. 11. Abang sulak kuning. 12. Abang sulak putih. 13. Bêlang utawa blangkok, abang lan kuning. 14. Bêlang utawa blangkok, abang lan putih. 15. Bêlang utawa blangkok, irêng lan abang. 16. Bêlang utawa blangkok, irêng lan kuning. 17. Bêlang utawa blangkok, irêng lan putih. sapêpadhane.

Kang diarani bêlang utawa blangkok mau têtugêlan, kaya ta: êndhas abang badan irêng, badan abang kèpèt putih, sapêpadhane. Kajaba bêlang, ana kang sèrèt, utawa dalèr, kaya ta: badan irêng byur, wêtênge abang, sapêpadhane. Dene bêlang utawa sèrèt mau, lawas-lawas dadi ulês siji, kaya ta: 1. Bêlang irêng lan abang, iku dadi abang byur. 2. Bêlang abang lan putih, iku dadi putih byur.

Sapêpadhane, mungguh dadine byur miturut wuwuhan kang kèri, katrangane mangkene:

--- 2 : 1094 ---

Wadêr mau nalikane lagi nêtês, rupane irêng, irêng mau ana kang irêng mêlês, ana kang sulak abang, sulak biru sapanunggalane. Dene kang sulak abang, lawas-lawas dadi abang byur, yèn wuwuh bêlang putih lawas-lawas dadi putih byur. Yèn sulak wungu, lawas-lawas dadi wungu byur, yèn wuwuh bêlang kuning lawas-lawas dadi kuning byur.

Yèn sulak kuning, lawas-lawas dadi kuning byur, yèn wuwuh bêlang abang lawas-lawas dadi abang byur. Sapêpadhane. Utawa ana kang nêtês irêng banjur dadi bêlang putih, lawas-lawas dadi putih, sapêpadhane.

Praboting wadêr.

Praboting wadêrkok mau kang pêrlu kanggo ancêr-ancêr katrangan panitik kang dadi sênênge kang ngingu kaya ta:

1. Buntut, diarani kèpèt.

2. Kang kaya kèpèt ana wêtêng diarani wêlah, wêlah iku cacahe 6, ana ngarêp ngisor angsang kiwa têngên 2, ana iring wêtêng kiwa têngên 2, ana iring janggêl kiwa têngên 2, bab wêlah iku ana kang mung cacah 5, yaiku ngisor angsang 2, wêtêng 2, janggêl 1, yèn kang ana ing janggêl mung siji, kang mêsthi manggon ngisor janggêl, utawa sacêdhaking jubur.

3. Kang kaya wêlah mung salêmbar dumunung sadhuwuring pok janggêl, diarani sôngga langit.

Kèpèt kang miring lumrah diarani tepas, kèpèt kang jêrbèbèh mêgar diarani gombyok.

Bab pilihaning wadêr.

Pilihane wadêrkok kang lumrah padha diarani bêcik, kaya ta: 1. Badan kang bundêr.

--- 2 : 1095 ---

2. Mata kang mungal, kayadene mataning urang, orane iya kang gêdhe mêndêlo, utawa mêntholos, diarani tholos. 3. Kèpèt kang jêrbèbèh ômba, dawa lan cawang têlu papat utawa luwih. 4. Sônggalangit kang ômba dawa munggah marang gigir. 5. Janggêl kang cêndhak kang lêmês.

Pangupakarane wadêr.

Pangupakarane wadêrkok mau, diwadhahi ing jêmbangan utawa tong, yèn sêmbada diwadhahi kulah kang jêmbar kang jêro, didokoki ganggêng, yèn isih êndhog banyune aja nganti disalini, lan aja diobah-obah, sadurunge nêtês kabèh.

Wadêr kang lagi nêtês sadina, ora susah disèlèhi pakan, Gusti Allah wus maringi pakan kang cukup. Wadêr kang lagi nêtês nalètèk saka ing êndhog, kang mêsthi banjur gumandhul ana ing ganggêng utawa lumut, ora obah-obah ing dalêm kiwa têngêne saprapat jam, sawuse saprapat jam banjur nglangi alihan mung kira-kira sadim adohe, saya suwe saya bisa adoh, dadi kêkuwatane nganggo dilantèh saka sathithik. Wadêr têtêsan kang lagi nalètèk saka ing êndhog mau, sanadyan wus bisa nglangi adoh nanging durung kuwagang mangan pakan kang saka pitulunganing manungsa, ananging anggumunake, sajroning banyu kono, Gusti Allah wus anitahake kewan lêmbut, yèn panontone ora dipêrlokake kajingglêng ora kasat mata, wujude kayadene ugêt-ugêt, iya iku kang dipangan wadêr têtêsan mau.

--- 2 : 1096 ---

Yèn têtêsan wus ngumur rong dina, wiwit kêna dipakani: cu, cu iku êndhog lêmbut, pêcahing cu dadi ugêt-ugêt lêmbut, sarambut gêdhene, yèn ana ugêt-ugête kang gêdhe banjur guwangên, awit wadêr kang lagi nêtês isih kalah karo ugêt-ugêt gêdhe, kêrêp bae wadêr têtêsan mau mati kacakot ing ugêt-ugêt gêdhe.

Yèn wadêr têtêsan mau ana kang mênjila gêdhene, ngungkuli kancane kabèh, iku banjur wadhahana liya, awit wadêr kang mênjila gêdhene mau adat mangani kancane, yèn ora dipisah bakal angêntèkake kancane.

Yèn wadêr wis kira ngumur 15-20 dina, gêdhene sasada, iku wiwit dipakani ugêt-ugêt, nanging dipilihna ugêt-ugêt kang cilik-cilik, yèn kêgêdhèn isih wêdi mangan, sabab ora kuwagang nguntal, yèn ana kang wani mangan, sok banjur mati kalêlêgên. Yèn kêkurangan ugêt-ugêt, awit saka kangelan pangupayane, pakanana iwak kêbo mêntah dicacah diglindhingi lan ditalèni, kacancang ing wilah supaya kambang, iku nyênêngake ditonton, awit wadêr mau banjur ngrubung gênti nyêthili, gèrèd-ginèrèd sarupa rêrêbutan, yèn ora iwak iya misowa, yèn wadêr mau isih cilik, misowa kaplintira ing driji murih ajur lêmbut, tumêkaning gêdhe wadêr mau isih doyan mangan misowa, mung iwak cacahan kurang, nanging pitung dina pisan wadêr gêdhe iya prayoga dipakani iwak mêntah kaya nalika isih cilik, nanging ora susah dicacah, yèn dicacah banjur ambyar, awit panyarape iwak gêdhe rosa. Kuranging pakan têlung bab mau banjur mangan ganggêng utawa lumut, mula didokoki ganggêng pancèn pêrlu, kajaba kanggo pakan, kanggo dhêlikan.

--- 2 : 1097 ---

Wadêrkok iku prayoga olèh soroting surya ing wayah esuk lan sore, yèn kurang soroting surya badane lêmbèk, sarta kuru, dadi soroting surya kajaba nambahi kêkiyatan, anambahi kasarasan.

Banyunibanyuning. kulah, jêmbangan utawa tong wadhah wadêr mau, sabên têlu utawa patang dina disalinana, awit taining wadêr iku dadi rêrêgêd, sarta dadi amaning kasarasan, ewadene yèn êndhog nganti nêtêse, kênane disalini banyu yèn wadêr têtêsan mau wus katon agal, sarta wis kêna dilih ing jêmbangan liya.

Pamurwat wadhahing wadêr.

Jêmbangan kang ambane 1½ elo, yèn kanggo wadhah wadêr gêdhe sêdhêngane mung isi 12 iji, utawa nêm jodho, yèn wadêr jêmagar isi 30 iji, utawa limalas jodho, yèn wadêr lagi sasada-sada, kamot isi 50 iji, cêkake aja nganti kakehan wadêr, kapara kurang wadêr, yèn kakehan wadêr akèh kang kuru utawa kunthing.

Murih bêciking wadêr.

Wadêr kang kèpète tepas, bisa mêtonemêtoni. kèpèt gombyok, kosok baline kang kèpèt gombyok bisa mêtoni kèpèt tepas, mula pangarah bisane kèpèt gombyok mêtoni kèpèt gombyok, wiwit cilik wadêr kang gombyok diworna padha gombyok, adat akèh turunane kang gombyok.

Sarèhning wadêr mau kang diarani bêcik, kang bundêr, dadi pamilihe iya kudu kang bundêr, pangupakarane murih bisa bundêr wiwit cilik diwadhahana jêmbangan kang nyêmpluk, kaya ta pasung, sapanunggalane, nanging yèn wadhahe cilik, wadêr mau

--- 2 : 1098 ---

ora gêlis gêdhe, têrkadhang malah kunthing, amarga kurang kobèt pasabane. Yèn wadhahe jêmbar, kaya ta kulah kang ambane 4 elo, jêrone 2-2½ elo, wadêre mêsthi tumuli gêdhe, nanging yèn wadhahe lonjong wadêre arang kang bundêr, kang akèh katut wadhahe badan lonjong, mung saka panitike R. Ng. Atmasiswara, sarèhning wadêr mau jênêng kok, kok iku têgêse bundêr, sanadyan badane lonjong, lawas-lawas bisa mênyang têmbung: kok = bundêr.

Bab nêtêsake.

Yèn wadêr mau wus gêdhe sarta wayahe koyok = lakèn, banjur diwêlêga pakan ugêt-ugêt, miliha wadêr sajodho utawa rong jodho, kawadhahana ing jêmbangan, banyune kang anyar lan kang rêsik, ganggênge sawatara bae, aja nganti kêbak, awit yèn koyok mau pangêndhoge ngalèpèk ana ing ganggêng, samôngsa kakehan ganggêng bakal nyarimpêt, yèn ora konangan, môngka kasangsang ing ganggêng sok tumêka ing pati.

Wadêr mau yèn koyok kang wedok dioyak utawa dioyak-oyak sing lanang, disrondholi wêtênge, dikosot kiwa têngêne, yèn wis mapan banjur dijondhilake ana sadhuwuring ganggêng, nganti nyuwara mak pyuk, êndhoge sumêbar, ana kang tumèmplèk ing ganggêng, ana kang tumèmplèk ing lumut, ana kang tumiba sadhasaring banyu. Ing sasuwene koyok, wadêr wedok nganggo nyambi mangani êndhoge dhewe, mula prayoga wedok siji lanang loro, dadi ora kobêr mangan êndhoge,

--- 2 : 1099 ---

tansah dioyok lanangan loro, kêrêp kagapit kiwa têngên, kêtilapan sadhela kêtêmu manèh, mung yèn lanangan mau ana kang ora mèlu ngoyok, banjur jupukên, awit bakal mangani êndhog. Kajaba iku, êndhog kang tumèmplèk ing ganggêng gampang kênane dipangani, mula ganggêng kudu milih ganggêng kang têngahan, ganggêng mau rupa têlu, kaya ta: 1. Ganggêng alus, godhonge kaya godhong cêmara lêmbut-lêmbut. 2. Ganggêng têngahan, godhonge uga kaya godhong cêmara, nanging rada kasar. 3. Ganggêng kang godhonge bundêr-bundêr.

Ganggêng mau kang prayoga ganggêng kang têngahan, awit êndhog kang tumèmplèk poking pang ganggêng, wadêr wedok mau sabên arêp mangan angudhis-udhis ganggêng banjur bali dening kacocog pucuking ganggêng.

Yèn wus rampung gone koyok, pangêndhoge iya wus rampung, wadêr lanang wedok kajupuka kabèh, kasèlèha ing jêmbangan liya, adat êndhog mau nganti atusan, yèn kang koyok babon 2-3, sarta pinuju mijah, mangsane iwak ngêndhog, malah nganti ewon, yèn nêtês kabèh kêmruwêt sajêmbangan angêmbyah, pating saliri anyênêngake, nanging wadêr samono mau sok akèh kang mati, kira-kira sabab saka kêkurangan pakan, mula prayoga bangêt nganggo pratikêle Radèn Ngabèi Atmasiswara, wadêr kang koyok, [koyo...]

--- 2 : 1100 ---

[...k,] sanadyan mung sajodho, êndhoge kabagea 2-3 jêmbangan, murih ora kasupêkên wadhah, patrape yèn koyoke wus sawatara akèh êndhoge kira-kira 150-200, môngka durung tutug, ganggêng kang ana êndhoge diêliha ing jêmbangan liya, banjur didokoki ganggêng manèh, yèn pangêndhoge isih akèh, ganggêng kang ana êndhoge uga kaêliha ing jêmbangan liyane manèh, wadhah kang kanggo koyok didokokana ganggêng manèh, yèn pangêndhoge wis tutug, wadêr lanang wedok diliha ing jêmbangan liya, mangkono sabanjure sabên ngupakara koyoking wadêr, kang wus kalakon bisa lêstari akèh kang urip.

Êndhog mau mundhak dina mêdhok, kang ana ing ganggêng pating prêlik kayadene wohing ganggêng, sajroning limang dina saka pangêndhoge: nêtês, nanging ambyahe kabèh babar pisan sajroning 6 dina, dadi limang dina mau lagi wiwit salong nêtês.

Ing sajrone êndhog mau nêtês, babon kang ngêndhog banjur ngêndhog manèh, uga diupakaraa kaya kang uwis.

Wadêrkok iku ewon wêrdèn, mèh tanpa môngsa mijah = ngêndhog, dadi mung sabên wus ngumur mangsane laki = koyok, iya banjur koyok, sarta pangêndhoge kêrêp bangêt, bisa luwih 10 rambahan, lagi lèrèn, lêt sêsasi utawa 2 sasi wis wiwit ngêndhog manèh, dadi mawa-mawa kopèn lan orane.

--- 2 : 1101 ---

Yèn wadêr têtêsan wus ngumur 10-15 dina, banyune disalinana, wadêr têtêsan mau dilihana marang jêmbangan liya, patrape murih gampang panjupuke wadêr têtêsan, jêmbangan mau diiriga kang lêmbut (anaman rêngkêt) sawuse wadêr ana sajroning irig, banjur kasendhokana, dilih marang jêmbangan liya, yèn jêmbangan mau dikira kasupêkên kanggo wadhah wadêr akèh, dibagea 2-3 jêmbangan.

Bab piranti.

Ngingu wadêrkok mau nganggo piranti kaya ta: 1. Irig, kanggo jupuk wadêr têtêsan. 2. Sendhok utawa erok-erok mori utawa sêmbagi cilik, kang prayoga mori, kanggo jupuk wadêr têtêsan. 3. Sendhok utawa erok-erok gêdhe uga saka mori, kanggo golèk ugêt-ugêt, utawa kanggo nyerok wadêr gêdhe.

Kang diarani erok-erok cilik, ukurane saèpèk-èpèk, kang gêdhe sakilan utawa luwih sathithik.

Bab ngumur sarta gêdhening wadêr.

Ngumure wadêrkok tumêkane mati ngurag, kang wus tinêmu patitise, lumrahe ana kiwa têngêne 7-8 taun, kang wus ngumur samono mau gêdhene bisa 3-4 dim, dadi nyêmpluke wêtêng kira-kira saêndhog pitik utawa luwih sathithik, dawane wiwit cangkêm tumêka pucuking kèpèt 7-8 dim.

--- 2 : 1102 ---

Wadêr mau wiwite ngêndhog sapisan, kiwa têngêne ngumur 4-5 sasi, yèn badane bêcik sarta kasarasan kurang saka patang sasi wis wiwit ngêndhog.

Bab bedaning êndhog.

Sawijining kaol angarani, wadêr lanang iya ngêndhog, wujude êndhoging wadêr lanang: cilik-cilik, lan pangêndhoge mung sathithik, sarta iya bisa nêtês, yèn kang kasêbut ing layang amongtani, êndhoging wadêr lanang mau mung kanggo mêmanis, utawa kanggo ngosèr-osèri êndhoging wadêr wedok, dadi mung kanggo jantu kêkiyatan, dene nyatane saka pamawasku koyoking wadêr, durung bisa matitisake yèn wadêr lanang mau ngêndhog, sanadyan pamawasku kalayan anjingglêng, kang cêtha mung pangêndhoging wadêr wedok, nganti anganakake panêmu, bokmanawa kang kasêbut ing layang amongtani jênêng mêmanis, iku kayadene ilu, mula bab iki mung kasumanggakake para ahli kawruh ngupakara wadêr bae.

Bab lanang wedoking wadêr.

Kang wus padha disumurupi wadêr mau têtela yèn kang ngêndhog mung wadêr wedok, lanange ora, dadi ngingu wadêr kudu wêruh bedane lanang lan wedok, kang lumrah disumurupi lan mèmpêr saka nalare, kaya ta: 1. Wadêr kang lanang, êndhase lonjong, utawa lancap, badane dawa, tandange ringas, kêsit. 2. Wadêr kang wedok, êndhase bundêr utawa dhêmpok, [dhêmpo...]

--- 2 : 1103 ---

[...k,] badane nyêmpluk, wêtênge jêndhil, tandange antêng, tutut.

Pamilih utawa ambedakake rong bab mau angèl bangêt, têgêse: upama wadêr 3.4. lanang wedok, sing sapa arêp ambedakake mirit tandang pasêmone mêsthi ora bisa patitis, luwih manèh milih wadêr kang akèh ana ing jêmbangan, saya ora bisa patitis, ewadene Radèn Ngabèi Atmasiswara, sarèhning kulina, nganti misuwur ahli marang kawruh bab wadêr, sagêd ambedakake nitik saka tandang pasêmone mau, kayadene sabên wong wêruh bedaning jago lan babon, sanadyan jago papak kaya babon, iya sumurup yèn jago.

Saka pamarsudine Bandara Radèn Mas Panji Sumapinilih, bedaning wadêr lanang lan wedok mau tinêmu gampil, nyêbal saka kang kasêbut ing rong bab ing dhuwur iku, nanging sagêde nitik yèn wadêr wus sajênthik gêdhene, yaiku yèn sadaning wêlah kang ngarêp akèh plênike putih, tutul-tutul nganti tumêka ing pucuk, iya iku wadêr lanang, kang wedok iya duwe plênik, nanging ora tumêka ing pucuk, têrkadhang ora duwe.

Bab gawe ugêt-ugêt.

Yèn gawe ugêt-ugêt mung sathithik, jêmbangan diisènana tajin, utawa lêri, diworana banyu sawatara, lêt 4-5 dina ing sajroning jêmbangan mau wus ana ugêt-ugête, saya lawas saya akèh.

--- 2 : 1104 ---

Yèn gawe akèh, iyasaa balumbang kang olèh ilèn-ilèn saka uruh-uruhaning kulah utawa sumur.

Dadi cêkake kang katuwuhan ugêt-ugêt mau bangsaning banyu kang rêgêd, kaya pêcêrèn sapanunggalane, mula yèn mung gawe sathithik bangêt kaya ta: ing pêngaron diisèni banyu, yèn wus sawatara dina mêsthi ana ugêt-ugête.

Cu = êndhog lêmut, iku rupane irêng blirik pating pruntus, kêmroyok dhompolan, yèn jupuk esuk banjur dipakakake wadêr têtêsan, sadhela bae padha pêcah, sabên mêcah rupane mak byar, pating cruthat, dadi ugêt-ugêt kang gêdhene mung sarambut-rambut.

Bab pakan.

Wadêrkok iku dipakani upa iya doyan, pohung iya doyan, dadi satêmêne prakara pakane pancèn gampang, mung kang wus tinêmu sêsurupane, kang agawe kêkuwatan, lan kasarasan, sarta lêmu lan gêlise gêdhe, iku mung ugêt-ugêt, mula sabên dina aja nganti towong, pakane ugêt-ugêt.

Warêge wadêr siji mangan ugêt-ugêt ing dalêm sadina sawêngi, kira-kira wadêr kang gêdhene sajênthik, ora kurang saka 50-60, nadyan petung mau ora môntra-môntra patitis, nanging ana tandhane, iya iku jêmbangan utawa kulah kang isi wadêr 100 iji, yèn esuk didokoki ugêt-ugêt [ugêt-u...]

--- 2 : 1105 ---

[...gêt] nganti katon angêbaki salumahing banyu jêmbangan, mêsthi esuke wus êntèk, isih amung kari sathithik.

Bab patukoning wadêr.

Sabên akèh kang dhêmên angingu wadêr, wadêrkok mau rêgane ewon larang, awit wadêr kang mêpêk arêp ngêndhog sapisan, kang jênêng bêcik, nganti rêga f 2-f 3 sajodho, kurang luwih sathithik katrangane kaya ing ngisor iki:

1. Wadêr kang bêcik sajodho kang lagi sajênthik, rêga f 1.-

2. Wadêr kang bêcik sajodho kang lagi sajêmpol, rêga f 2.-

3. Wadêr kang bêcik sajodho kang luwih sajêmpol, rêga f 3.- sabanjure nganti tumêka rêgaf 10.-

4. Wadêr kang isih

--- 2 : 1106 ---

Widara:

1. zie srandu kêbo sapi (sungu). 2. Kw. widinta, widurya, 3. Wong mati dinusan banyuning godhong widara: iku agama Kala.

Widura:

zie Yamawidura.

Widura:

pujôngga êmpu ... zie P.N. no. 11 en. V.

Widuri:

zie sotya.

Wadêr pari:

Wangsalan Tjent. wohing dami olèh dening: pari.

Wadêr pèthèk:

Wangsalan Tjent. rimbag picis, olèh dening pêthak.

Widura putih:

zie wit.

Widak:

zie puluh.

Widadari Kw.:

hapsari, dèwi, dewati, surawadu, surapsari, sêmaralaksmi, warati, waranggana, widhadharya, widyadarya, watari, yuwati, bathari, zie dèwi, en zie dèwi.

Widadari ngantih:

Zie srandu kêbo sapi (sungu).

Wadidang:

zie srandu.

Wadidang:

zie srandu kêris

Widasari:

1. zie gend. 2. kw = Gôndawangi.

Wudêl:

zie srandu ukiran.

Wudêl Kw.:

humadya, nabi tuntunan, pusêr.

--- 2 : 1107 ---

Wedha:

zie gêni.

Wedhasancaya:

' = Sociteit Sragen, adêge Oct. 1905.

Widhidhustha:

' = dewa.

Widhayaka:

zie Ajisaka.

Widayaka:

prabu ... = Ajisaka zie P.N. no. 2.

Widiyaka:

dhalang wayang purwa, abdine Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat II.

Widyakirana:

(= soroting panêmbah) widya = panêmbah, kirana = sorot.

Widiguna:

dhalang wayang klithik zie P.B.III.

Wedangpara:

zie abdi dalêm wadon no. 40.

Wit:

Ing ngisor iki araning wit-witan sawatara kang wit godhonge, utawa kêmbang, pêntil wohe, apadene klika oyode duwe aran dhewe-dhewe, kaya ta: Injên-injênan, godhonge yèn ginawe tômba aran: dingkik J.Z.I. 281-9 v.o.

Arèn, kêmbange: dangu Dw. Is. 327-6. Kêmbang arèn tumangkul anèng padurèn, sadangune kula enz. wohe kolang-kaling. Bungkusing wit: duk, kang agal aran: suwa, kang gêdhe kêna ginawe kalam, lugute: kawul, kêna ginawe piranti êmpan-êmpaning gêni panithikan.

Asêm, wohe kang isih nom aran: cêmpaluk, godhonge aran: sinom, J.Z.I. 281-12 v.o.

Nipah, kêmbange: dongong Dw. Is. 329-1. Kêmbang nipah sumêbar têngahing sawah, dongong bae ing pacake enz.

Nôngka, kêmbange babal, babal matêng aran: madu kucing. Wohe kang isih cilik: tèwèl (= katèwèl) kang wis rada gêdhe: gori.

Cipir (= kacipir) godhonge yèn ginawe tômba aran: cêthèthèt J.Z.I. 281.12.v.o.

Cêguk, godhonge yèn ginawe tômba aran:

--- 2 : 1108 ---

sriwadani.

Randhu, godhonge yèn ginawe tômba aran: sêmarakandhi J.Z.I. 281-8.v.o. Sawênèh ana kang ngarani baladewa. Kêmbange: karuk.

Kunci, êbunge: boros, Dw. Is. 331-4. Êbung kunci cinacah anggung pinrinci, boros bae enz.

Kêncur, kêmbange: sèdhêt, Dw. Is. 326-3 v.o. Kêmbang kêncur kacaryan agung cinatur, sèdhêt kang sarira enz.

Kacipir zie cipir.

Krambil N. klapa K. Wite: galugu, godhonge: blarak, pupuse: janur, kêmbange: manggar, yèn durung anjêbrol aran: patrêm, angkuping patrêm: mancung, gagange: dolèr, pêntile: bluluk, yèn wis isi banyu: cêngkir, yèn wis wiwit isi lamat-lamat aran: kêmringêt, banjur: kêmêruk buntut, banjur: dêgan verk. van dawêgan, banjur kêmendho utawa gêmobor, banjur kiring utawa garing, tutuping gantilan krambil aran: kêcèr, kulite: sêpêt, cangkoke ing jêro: bathok, bungkusing wit: tapas, pange: papah, yèn wis ana ngisor sarta wis dikêthoki aran: bongkok, cringihing papah: sada, iya iku kang katuwuhan godhong: blarak.

Kuwèni, pêntile aran:gêndheyo.

Kelor, godhonge yèn ginawe jamu aran: limaran J.Z. I 281.

Kluwih, kêmbange: ontèl, utawa: onthèl, wijine utawa bêtone aran: bêthêm.

Kopi, kêmbange: blanggrèng.

Kapas, kêmbange kapi Dw. Is. 327-2 v.o. Kêmbang kapas pinêpês anggung pinapas, kapidêrêng kula enz.

Kimpul, godhonge: lumbu, kêmbange: pancal?

[Asmarandana]

Sêkar lumbu kula yayi / êgong alit wêwayangan / pancalên bojomu anggèr / payo kumpul dhêdhewekan / dika kalawan kula / dika ganggêng kula lumut / awèta dhèncèng-dhencengan //

--- 2 : 1109 ---

Durèn, kêmbange: dlongop. Kêmbang durèn sinawang sinambi lèrèn, dalongop kang warna enz. zie Dwija Iswara blz. 327-3.

Turi, godhonge yèn ginawe tômba aran: pêthuk.

Timun, pêntile aran: sêrit.

Têbu, kêmbange ? pupuse aran: glêgês. Pupus têbu dèn udud kukuse mambu: glêgas glêgês pangrimuke enz. zie Dwija Iswara 329-7.

So, kêmbange: ucêng, pêntile: kroto, wohe: mlinjo, klikane: bago, godhong lan wite padha aran: so, utawa: mlinjo.

Suruh, kêmbange: drèngès Dw. Is. Kêmbang suruh balasah saengga uwuh, drengas-drèngès pangucape enz.

Salak, kêmbange: kêthêkêr. Kêmbang salak sinêbar anèng bêbulak, kathêkêran pangarahe enz. zie Dw. Is. 329-4.

Sêmôngka, yèn isih nom aran: plonco.

Wuni, godhonge yèn ginawe tômba aran: mojar J.Z.I. 281-10 v.o.

Widara putih, godhonge: trawas, kêmbange: rêjasa, wohe: anyang, wite kinêrok kêna ginawe: pilis lan borèh, godhonge ginawe mamah-mamah wong wadon kang mêntas duwe anak, wohe ginawe jamu wong lara nguyuh, mung kêmbange kang ora kanggo.

Laos, êbunge aran: gêdrug, Dw. Is. 330-4. Êbung laos ginuwang ginawe saos, gêdrag-gêdrug tênagane enz.

Lumbu zie kimpul.

Lombok, godhonge yèn ginawe tômba aran: sabrang J.Z.I. 281-11 v.o.

--- 2 : 1110 ---

Pandhan, kêmbange aran: pudhak, Dw. Is. 328-2.

Kêmbang pandhan mawur sumêbar nèng jogan, tumêdhak paduka enz., wohe: pandhoga.

Pace, kêmbange: cêrwètèh, oyode: kudhu.

Pucung, wohe kang isih nom: menje, yèn wis tuwa: kluwak.

Pare, godhonge yèn ginawe tômba aran: tundhung. J.Z.I. 281-10. v.o.

Pakèl, pêntile: gêndheyo = kuwèni.

Pête, kêmbange: pêndul Dw. Is. 330-7 v.o.

Kêmbang pête sinambung rinante-rante, kongsi pêndul panangise enz. Pête lanang aran: pêtêt.

Puyang, pupuse: lirih Dw. Is. 329-3 v.o.

Pupus puyang rinajang dadi sadhulang, ngirih-irih panyêdhake enz.

Jarak, godhonge yèn ginawe tômba aran: blêdhèg.

Jati, jati nom aran: dholog, kêmbange: jangglêng Dw. Is.Kêmbang jati sinêbar ngubêngi panti, anjangglêng kawula enz.

Jambu, kêmbange: karuk.

Jambe, wite: pucang, pupuse: dêdêl, kêmbange: mayang, pêntile: blêbêr, wohe: jambe, yèn wis tuwa: jêbug (dêdêl) zie JZ.I. 281 en

--- 2 : 1111 ---

mayang zie Dw. Is. 327-4 v.o.

Jagung, wite: têbon, wohe kang isih nom: mênir, yèn wis tuwa: jagung, siwilane: jantenan.

Jengkol, kêmbange jêring (bangun jring) nanging ing layang Dw. Is. 330-8 jêring dudu kêmbang, ingaran wit, kêmbange: cuwis, voorb.

Kêmbang jêring pinêthik ambune manjing, angêcuwis mring tanggane enz.

Manggis, kang isih nom: blibar.

Gêdhang, wite: gadêbog, kêmbange: tuntut. Kêmbang kang ana sapucuking gêdhang aran: paran, anake = trubusane: pokal, pupuse kang isih luminting ana sing ngarani: dêdêl = jambe.

Bêsusu, wohe kang dhuwur: bêngkowang, yèn pinangan matèni, dhangkèle kang aran bêsusu.

Blimbing, kêmbange: maya Dw. Is. 326-1 v.o. Voorb.

Kêmbang blimbing pinêthik bali ing têmbing, maya-maya sira enz.

--- 2 : 1112 ---

Araning wit maya ing alas = kayu taun, saka palapurane abdi dalêm Mantri Narawrêksa Ngabèi Wrêksakadoya sarta Ngabèi Wrêksakaroya kaya ing ngisor iki:

Asêm krandhi, rupane kaya kayu trêmbêsi, wohe kaya kara, nanging rasane pait, ora kalap gawene.

Nagasari, wite aran: naga, kêmbange: sari, wohe: gandhèk cebol.

Randhu alas, kêmbange kaya kêmbang waru, wijine aran: klênthêng.

Kêndhal, kêmbang wijine ora kasumurupan jênênge.

Grasak, rupane mèmpêr rêmpêlas, mung beda rêmpêlas, godhonge kasab, grasak: alus.

Kadoya rupane mèmpêr surèn, mung beda kadoya godhonge ciyut, wohe cilik.

Kusambi, wite kaya wit jengkol, wijine aran: kêcacil, kêna pinahat dadi lênga damar, yèn ginawe anggêgorèng: ngêndêmi.

Kusambi wadhak, rupane iya kaya kusambi kacèk godhonge rada ômba, [ô...]

--- 2 : 1113 ---

[...mba,] wohe nganggo ri, rasane lêgi tuntung langu.

Klampok, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Klampis, wite abang sêmu kuning, wohe aran: gontang, wijine: ale.

Kêpoh, wohe utawa wijine aran: jangkang, kêmbange abang durung kasumurupan arane.

Kudhu kêras, kêmbang woh sarta wijine kaya pace, arane durung kasumurupan.

Kêmlaka, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Dinding, mèmpêr kaya kayu têkik, mung kacèk godhonge rada ômba, wohe gèpèng kaya kêmlandhingan.

Dlingsên, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Tutup, mèmpêr sênu, mung kacèk godhonge kang bongkot buntu, kaya godhong trate.

Tolok,Talok. kêmbang sarta wohe kaya gandri.

Tangkil = so alas, têgêse:

--- 2 : 1114 ---

so tuwuh ing alas, nanging godhonge ora enak kinêla dening ora tau diundhuh, rasane langu.

Siwalan, kêmbange kaya manggar, wijine aran: kêling.

Sêmpu, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Sêgawe, kêmbange kaya kêmbang waru, ora duwe woh.

Sengon, kêmbang woh sarta wijine kaya kêmlandhingan, nanging luwih cilik, sanadyan wite gêdhe.

Wuni, kang akèh tuwuh ing alas, dadi wuni iku kalêbu kayu alas.

Wêru, mèmpêr kaya têkik, mung kacèk godhonge ômba, wohe gèpèng kaya kêmlandhingan.

Wringin, pancèn kayu alas dawa umure.

Walikukun, kêmbange kaya kêmbang tanjung.

Wungu, kêmbange wungu, diarani wit wungu.

Lanang, godhonge aran: tangan

--- 2 : 1115 ---

kêmbange kaya kêmbang kêcubung, wohe kaya kara loke, nanging kacèk irêng sêmu abang.

Lanji, mèmpêr kaya Walikukun, nanging wite abang sarta lêncêng.

Laban, araning kêmbang, woh sarta wijine durung kasumurupan.

Prèh, ora ana bedane pisan-pisan karo waringin, nanging ora duwe sulur.

Pring alas, cilik-cilik, kêmbange aran: krêsêg.

Plasa, kêmbange abang, aran kêmbang: jalak.

Pilang, kêmbang woh sarta wijine kaya klampis, mung beda kayu pilang putih, kayu klampis abang sêmu kuning.

Dhunung, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Dhadhap ri, kalêbu kayu alas, kêmbange aran: kêcèlung, wijine aran: kledhung.

Jaha, ora duwe kêmbang, banjur katon woh bae, iya aran: jaha.

Jênar, rupane mèmpêr kêmuning, nanging wite abang, kêmbange kuning.

--- 2 : 1116 ---

Jaran, mèmpêr kaya blimbing wuluh mung beda wite putih sarta godhonge rada ômba.

Janglot, mèmpêr kaya walikukun, nanging wite putih.

Gandri, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Gêmpol, araning kêmbang wohe durung kasumurupan, wijine aran: kêpil.

Gambiran, rupane mèmpêr wit bulu, wite putih sêmu abang, kasap sarta nganggo sulur.

Bêndha iku kalêbu wit alas, kêmbang woh sarta wijine padha kaya kluwih mung kacèk sêmu abang.

Bulu, araning kêmbang woh wijine durung kasumurupan.

Baga, mèmpêr kaya kayu sêrut, nanging wit pange padha mawa ri.

Wit:

araning wit kang ana dayane kanggo tômba, kaya ta: tikêl balung, butrawali.

Watu Kw.:

haryas, rada, rida, kumlasa = sumayana um. van. sayana vorm, padsa, polaka, gumayasa.

--- 2 : 1117 ---

Wutah ati:

Ciri wutah ati, unyêng-unyêngan jaran ana sangisoring andhêman, watêke angkêr wingit ing samubarange, kalêbu ciri ala.

--- 2 : 1118 ---

Wêton:

K.N. tingalan K.I. Ing ngisor iki petunganing wêton padinan, pawukon taunan sarta tumbuk, kaya ta:

1. Tingalan padinan, iku sabên ing dina kalairane, kaya ta: laire Jumungah Pon, iku sabên dina Jumungah Pon = 35 dina sapisan, ingaran: salapan dina. 2. Tingalan pawukon, iku sabên dina kalairane tibaning wuku mangkono, kaya ta: laire dina Jumungah Pon wuku Prangbakat, iku sabên dina Jumungah Pon wuku Prangbakat tingalan pawukon, petunge sabên pitung sasi utawa 210 dina, sapisan kalakon. 3. Tingalan taunan, iku mung guru tanggal sasi bae, kaya ta: laire tanggal ping 20 Mulud, iku ing sabên tanggal 20 Mulud = 354 - 355 dina sapisan kalakon. 4. Tingalan jumênêngan id. 5. Tingalan tumbuk 16 taun, iku kang tumbuk, dina pasaran, wuku, tanggal, sasi lan taun. 6. Tingalan tumbuk 24 taun, iku kang tumbuk mung dina pasaran, tanggal, sasi lan taun. 7. Tingalan tumbuk 32 taun, iku tumbuk kabèh, dina pasaran, wuku, tanggal, sasi, taun, windu dalah môngsa. 8. Tingalan tumbuk pindho 64 taun id.

Wetan:

' = purwa.

Witana:

zie dhatu (21).

--- 2 : 1119 ---

Watêk (nagara):

Kang wus tinêmu tinitenan marang para prawira kang andon prang, wêwatêkaning wong nalika mangun yuda, kagawa saka wutah gêtihe dhewe-dhewe, kaya ing ngisor iki: umuk Sala, kroyok Pathi, surak Dêmak, sida Palar ?, bujuk Mataram, bajag Sampang

Watêk (taun):

zie taun (7)

Watêk (jaran):

Katuranggan. Jaran iku padha anduwèni watêk dhewe-dhewe, ana sing kudu diarah wiwit saka laku, jojog, congklang utawa adheyan, salah sijining watêk mau kudu dipituruti sadhela, nanging yèn wis mituruti karêping jaran sawatara, iya banjur katandukan pangrèh, mungguh tumrape ngarah jaran kang akèh atine utawa bantêr, kudu kaarah saka pangarêm-arêm, utawa sarèh, amarga yèn ora katandukan pangrèh, yèn nganti kabanjur muyab atine bakal tansah angèl pangêrèhe, sarta bisa andadèkake rêkasane kang nunggang: iku wis mêsthi, yèn bantêr utawa muyabing ati saka panggraita, kêna katandukan pangrèh kalawan pamêngku, utawa pamisesa, luwih [lu...]

--- 2 : 1120 ---

[...wih] manèh jaran kang kurang atine, utawa kêndho, gampang katandukan pangrèh kaya ing dhuwur mau, mulane kudu patitis marang panitike watêking jaran siji-sijine.

Watukêlir:

zie abdi dalêm Sukaharja letl. c.

Watugunung:

zie wuku.

--- 2 : 1121 ---

Wotgalèh (Kuthagêdhe):

pasarean. 1. Kangjêng Ratu Pambayun, putrane Panêmbahan Senapati Ngalaga. 2. Panêmbahan Purbaya I. 3. Pangeran Purbaya II. 4. Pangeran Purbaya III.

Watugilang (Kuthagêdhe):

Tinulis ing têmbung latin, Sictransit glaria mandi jarwane: lah samono sirnane kamulyaning dunya R. D. 1907 no. 77.

Watang:

zie dhatu (3).

--- 2 : 1122 ---

Watang:

Ing sajumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Sudha Anyakrawati ing Mataram, sabên ing dina Sêtu miyos watang, katabuhan gamêlan monggang, sadurunge miyos wayah bakda Ngasar monggang patalon muni dhisik, minôngka undhang kalumpuking abdi dalêm kang padha seba watang, sarta abdi dalêm pambêndhe nabuh bêndhene angungkung minôngka undhang kalumpuking abdi dalêm mau, banjur padha manggon ing paseban pakapalan dhewe-dhewe, sinangkalan: swara tri marga tunggal = 1537.

Wêtêng:

1. zie srandu kêris. 2. Kw. udara, padharan van dhara, dhandhun, dhara garba, bandhut, 3. pradikaning mêtêng.

Ing ngisor iki pradikane wong mêtêng, kaya ta:

Darpa awêdi mêtênging prawan.

Darpa amrat: Kawi jarwan.

Darpa agti: lawan pêpujan.

--- 2 : 1123 ---

Darpa angrês: tininggal mati.

Darpa rismara: kalawan asih.

Darpa kadêrêng: kalawan tinalak.

Darpa dèwi katali kalawan bedhangan.

Darpa dawa: dadi pocapan.

Darpa titir: mêtu kêmbar.

Darpa sêrsabyat: mêtênging talèdhèk.

Darpa garbini: kalawan susah.

Basa narpa: kalawan rudatin.

Wasi:

zie pandhita.

Wêsi:

Ing ngisor iki araning wêsi kang kêna ginawe gêgaman, kaya ta:

Akas zie walulin.

Ambal, rupane putih sêmu abang, ora têdhas pinangan ing tai, asale saka watu gunung, unine ambrangêngêng gêtêr kaya ana ing dhêdhuwuran, watêke ampuh.

Ambal en malik: ala, rupane biru sêmu abang amrakutuk kasap, nanging rêsik, unine: trong, muluk swarane.

Kênur, rupane irêng kaya wulu gagak, yèn didêlok katon wingit mêdèni, yèn diputih ing jêruk pêcêl rupane malih dadi biru, unine: srung, ambrangêngêng landhung kaya sungsun, wêsi iku ora kêna kapanasan, bisa dadi êmpuk, nanging yèn diusap sabarang gêtih dadi atos manèh.

Wêsi:

Karindhu aji zie purasani.

--- 2 : 1124 ---

Karangkijang, otote kaya banyu laut, unine ambrangêngêng kaya tawon êndhas, watêke ampuh, adhêm rasane.

Karangkijang en ambal: bêcik, rupane abang sêmu biru sarta rêsik, unine: brung, brung, agêtêr.

Karangkijang en katum: bêcik, rupane ijo sêmu wungu, sêrate kaya rambut, unine: kung, ngung, ambrangêngêng.

Karangkijang en kêmboja: bêcik, rupane biru mrusuh pating krênyêp, sêrate kaya gadhung, unine: thing, thêng.

Karangkijang en tumbuk: bêcik, rupane biru sêmu kuning, dêlênge kasap, nanging yèn digrayang alus, unine: ngung, muluk swarane.

Karangkijang en wêrani: bêcik, rupane ijo sêmu biru mêlês, unine: ming, ngung, landhung swarane.

Karangkijang en. walulin: bêcik, rupane ijo mrusuh, sêrate kaya wêsi malela, unine: gung, ngung, anggêrêng.

Karangkijang en purasani: bêcik, rupane kaya watu acih sêmu mêlês, ana putih-putihe, unine: gur, ngung,.

Karangkijang en malilk: ala, rupane biru mêrkutuk, cêkêle kasap sêmu samun, unine: thong, ngung.

Karangkijang en mangangkang wadon: bêcik, rupane ijo sêmu biru, sêrate pating prêlik, unine: dhêng, nung, ambrangêngêng.

Karangkijang en mangangkang lanang: bêcik, rupane irêng sêmu ijo angglugut, unine: drung, ngung, landhung swarane.

Katum, rupane irêng sêmu ijo, otote kaya rambut, duwe cahya kaya pangilon.

Katum en malik: ala, rupane irêng sêmu ijo,

--- 2 : 1125 ---

mêncèrèt mêrkutuk samun, unine: thong, gung.

Kêlêm: ala, rupane irêng kasap angglugut, tanpa cahya, unine: rung, cilik landhung.

Kêmboja: bêcik, otote kaya gadhung pating krênyêp, rupane putih mrusuh, unine: ngo, ngo, sajroning rungon ana rungon manèh, thing, ngang, ngang, dawa, asale saka watu Sleman.

Kêmboja en malik: ala, rupane katon mrusuh amêrkutuk, grayange kasap asamun, unine: thong, ngang, ngang.

Durga ngêrik zie warani en malik

Tarate, rupane irêng angglugut, unine: nêng, ambrangêngêng, asale saka watu acih.

Tarate en liya-liyane: bêcik.

Tumpang: bêcik, rupane biru sêmu wungu, dinêlêng suwe-suwe saya bagus, unine: jung, ngêlandhung, asale saka janggut?

Tumpang en walingi, rupane kaya nila sêmu manis, unine: jung, ning, landhung swarane.

Tumpang en malik: ala, rupane wungu sêmu putih amêrkutuk, unine: thong, jung, landhung swarane.

Tumbuk: bêcik, rupane putih sêmu kuning pating krênyêp kaya watu padhas kasap, unine: gong, ambrangêngêng, asale saka watu Sleman.

Tumbuk en tarate: bêcik, rupane putih sêmu biru pating krênyêp, sêrate kasap, unine: nang, gung, brung.

Sinduaji: bêcik, rupane putih sulak biru kaya kaca,

--- 2 : 1126 ---

mêdèni, unine: dhung, asale saka lak-lakane Kyai Mudhik Bathara gurune Êmpu Ramadi.

Sinduaji en malik: ala, rupane biru amêrkutuk kasap kaya sungu kapanasan, dinêlêng suwe-suwe samun, unine: thong, dhung, anggêrêng.

Warani: bêcik, rupane kaya kêmbang têlêng, ampuh, unine: dhêng, asale saka pasir gunung Selan.

Warani en malik: ala, rupane putih pucêt amêrkutuk, unine: thong, anggêrêng.

Walulin = akas, rupane biru, otote kaya wêdhi malela, unine: gung, agêtêr, mandi panas kaya gêni.

Walulin en malik: ala, rupane biru amêrkutuk bêlang-bêlang asêpi, unine: thong, gung.

Walingi: bêcik, rupane kuning sêmu putih, sumorot ijo, unine: ambrangêngêng, asale mêtu saka sajroning laut.

Lud utawa: luddan?

Leyong zie malela gêndhaga.

Purasani = karindhu aji: bêcik, rupane ijo anyambêrlilèn, grayange alus kaya baludru, otote kaya watu acih, unine: gur.

Purasani en tumpang, rupane isih kaya purasani, nanging ijo anyambêrlilèn, unine: jung, gur, landhung swarane.

Purasani en sinduaji, rupane ijo sêmu biru, sêrate alus kaya baludru, katon mêdèni, unine: gung, dhung, ambrangêngêng. [a...]

--- 2 : 1127 ---

[...mbrangêngêng.]

Purasani en warani, rupane wungu sêmu biru mêlês, grayange alus kaya baludru, yèn dinêlêng rupane sari, unine: ming, ngrêng, landhung swarane.

Purasani en walingi: ala, rupane putih sêmu abang, yèn digrayang kasap, ananging sêmu, unine: ngêng, gur.

Purasani en malik: ala, rupane biru amêrkutuk, cêkêle kasap, nanging katon bagus, suwe-suwe ilang cahyane, unine: thong, gung.

Purasani en mangangkang: ala, rupane wungu sêmu biru, sêrate wadhag gilap kaya kaca, yèn dinêlêng suwe-suwe katon sêpi, unine: gur, dhung, landhung swarane.

Purasani en liya-liyane kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh bêcik.

Dhênuh: ala, rupane biru sêmu abang, sawangane wingit, unine: hung, landhung ambrangêngêng, asale saka eblis laknat kang andadèkake wêsi iku, mulane bangêt panase.

Jangkar ?

Mêntah: ala, rupane kaya klothokan keyong, unine: song, nglambrang.

Male ?

Malik: ala, rupane irêng amêrkutuk, sêmu kasap unine: thong, nglambrang.

Malela ruyun: bêcik, rupane putih sêmu biru, unine: drêng agêtêr, asale saka watu cêndhani.

--- 2 : 1128 ---

Malela gêndhaga?

Mangangkang wadon: bêcik, rupane biru nom, otote pating prêlik, unine: dhêng, ambrangêngêng, ora pati ampuh.

Mangangkang wadon en walulin: bêcik, rupane biru sêmu klawu, sêrate kaya wêsi malela, unine: dhêng, gung, ambrangêngêng.

Mangangkang wadon en malik: ala, rupane biru amêrkutuk pating prêlik, yèn dinêlêng suwe-suwe pucêt, unine: thong, dhêng.

Mangangkang lanang: bêcik, rupane irêng rada wungu, otote katon wadhag, nanging yèn digrayang alus kaya baludru, unine: drung, dawa swarane, ampuh bangêt, asaling wêsi mangangkang lanang wadon saka ula naga sajroning lautan.

Mangangkang lanang en walulin: bêcik, rupane irêng mrusuh sêmu biru angglugut pating krênyêp, unine: drung, ngung, ambrangêngêng.

Mangangkang lanang en malik: ala, rupane irêng sêmu wungu, amêrkutuk pating krênyêp, unine: trong, dhung.

Mangangkang lanang wadon en ambal: bêcik, rupane wungu sêmu abang, sêrate alus kaya baludru, unine: drung, agêtêr.

Mangangkang lanang wadon en tumpang: bêcik, rupane biru sêmu wungu, gilap kaya kaca, sêrate alus, unine: drung, jung, landhung swarane.

Gêkantèn: ala, rupane putih wêlu kaya wêsi mêntah, alus nanging bêlang, asale saka blêndoking watu.

--- 2 : 1129 ---

Balitung: ala, rupane biru pating dlêmok mangkak, unine: thêng, cêkak.

Balitung: bêcik, rupane irêng grayange alus, yèn dibakar saya dadi wêsi bêcik, rupane iya isih irêng nanging wuwuh wungu mêlês, iku asale saka watu, unine: mung, landhung swarane.

Wêsi Kw.:

hadih, haya, hayah, tosan, warani, bêsi.

Wisa:

Araning cêcukulan sawatara kang mawa wisa, kaya ta: Rawe, lugut sarta wohe anggatêli / Kacacil zie nyamplung / Kacubung wohe angêndêmi, kêmbang godhonge dadi tômba / Kuwalot, dhangkèle kêna ginawe tômba cacingan.cacingên (dan di tempat lain). / Kajar, talutuhing dhangkèle anggatêli / Kêmadhuh, godhonge anggatêli / Tungkul, oyode kêna ginawe misaya iwak kali / Sungsung, dhangkèle angêndêmi / Walur, talutuhing dhangkèle anggatêli / Waliklar, godhonge yèn dikulup angêndêmi / Pucung, wohe angêndêmi / Pêron, wohe kêna ginawe misaya iwak kali / Plisa, dhangkèle mawa wisa / Plasa kuning dhangkèle mawa wisa /

--- 2 : 1130 ---

Pule pandhak, oyode kêna ginawe tômba cacingan / Jênu, oyode kêna ginawe misaya iwak kali / Nyamplung = kêcacil, wohe kêna ginawe lênga kanggo tômba korèng / Gadhêl, oyode kêna ginawe misaya iwak kali / Gadhung, wohe angêndêmi, nanging yèn diupakara ilanging talutuhe malah dadi panganan / Bêngkowang, iya iku wohing bêsusu, angêndêmi.

Wusu:

zie srandu kêbo sapi (awak).

Wisuh:

pangantèn wadon angwisuhi sikile pangantèn lanang nalika têmu zie Jêmbawan letl. e

Wêsi aji dèn kutugi sabên Anggara Kasih, ora sabên Jumungah P.R. III. 229 - 4 v.o.

Wisuna:

zie Sêtyaki.

Wisnumurti:

Ciri wisnumurti, jaran wulu irêng mulus, mathi loro suwung sadhuwuring pok ilat kang wujud mênthil uga suwung, iku bêcik watêke, sarta dadi têtumbaling nagara, kang ngingu suka sugih tur raharja, kajèn kèringan sapêpadhane.

Wisikan:

zie angin.

Wastu:

' = basitah en wuntu = kabisah. Iya iku umuring taun Jawa yèn wastu 354 wuntu 355 dina. Umuring taun Walônda yèn wastu 365 wuntu 366 dina.

Wastralungiyan:

(= dhêmênan) wastra Kw. jarit, dodot, lungiyan, Kw. turahan, tangan.

Wastralungiyan:

' = urup wastra of ijol anggon jarit.

Wisatikandhêh:

zie madurêtna.

Wastu wuntuning taun:

Taun Côndrasangkala.

Ehe, Je, Jimakir: wuntu, liyane wastu kabèh, mung taun Jimakir yèn nuju salin kurup sabên 120 taun, dadi wastu, kaya ta: dhèk taun 1626 wastu.

Kalakon 120 taun, nalika taun 1746 wastu manèh, mangkono ing sabanjure nganti têkan taun 1866 wastu uga, utawa yèn angkaning taun kabage 120 turah 66 iku wastu, ananging ing pasisir môncanagara taun Je ginawe wastu sarta taun Dal kang ginawe liru dadi wuntu.

--- 2 : 1131 ---

Taun Suryasangkala.

Angkaning taun eka dasane kabage papat, yèn cèplês: wuntu, yèn nganggo turahan, utawa pancèn ora kêna dibage: wastu. Dene yèn eka dasane mau adhapur 0 kaburangkabuwang. karo pisan, kang dibage ôngka ngarêp, patrape padha bae.

Taun môngsa surya.

Angkaning taun môngsa surya iku mung têkan 128 bae, banjur bali ôngka 1 manèh, yèn ôngka taun mau kabage papat cèplês: wuntu, yèn nganggo turahan, utawa pancèn ora kêna dibage: wastu. Mung taun pungkasan 128, sanadyan cèplês dibage papat, nanging ditantokake:ditamtokake. wastu.

Katrangan saka Bagus: Ngarpah. Surakarta ping 3 Sawal Dal 1831.

Wisatikandhêh (têmbang gêdhe):

laku 13 pêdhotan 7, 6 x 2 = 26 x 2 = 52.

Arsambêk Rêsi Gana- / sidhayarpasandi / lir mega ana muka / netra tarpa gatra / yang puspanjalining ron / mana katon manya / lumrang kang brama rama / riris ngantariksa //

Wisêl:

iku dumunung ing tanah Eropah, lakune mancolot, môngsa kewan cilik bangsaning pitik iwèn.

Wisalwaharini:

laku 21 (7, 7, 7) ping 4, kancuh swaladara.

Wisaya iwak kali.

Araning wisaya iwak kali sawatara, kaya ing ngisor iki:

--- 2 : 1132 ---

Ing ngisor iki araning wisaya: 1. Bêkungkung: pasangan macan. 2. Clili: pasangan gêmak. 3. Jaring: pasangan kidang mênjangan kancil, nanging ora kaya jaring iwak kali, iki jaring patèn, nganggo pathok loro ginawe ngêncang jaringe: goni utawa duk. 4. Tindha: pasangan ayam alas. 5. Kala pracik: pasangan bêrkutut enz. 6. Kala gantung: pasangan manuk liya-liyane.

--- 2 : 1133 ---

Wisaya iwak kali.:

icir, cedhok, krakat, kêpis, têlik, têmpuk, sèsèr, susug, suluh, sambêr, wuwu, wawar, pancing kalar, pancing kopyok, pancing wêlut, pancing walêsan, jaring, jala krakat = krakat, jala krakat pegon, jala kotèk, jala kêpyak, jala têmbiring, baloh = pancing, badhong, bêngkêng, thiplak

Wisaya sato:

icir landhak = kala, kala landhak = icir, wadhuk (wisaya cèlèng), jaring kidang, grobog (wadhah macan), bêkungkung (pasangan macan).

Wisaya manuk:

clili = tlili (wisaya manuk gêmak), kala pracik (wisaya manuk bêrkutut), kala gantung (wisaya manuk cilik-cilik), tlili zie clili bov.

Wisamarta:

zie upacara letl. f. lampit.

Wisamarta:

zie abdi dalêm kaparak kiwa têngên, no. 10 en 5.

Wisamarta:

kèhe 22. panèwu mantri sajajare aran, sagolongan, pagaweane rumêksa korakori. gapit lor kidul kang jaba, anane prajurit wisamarta wis dhèk jaman Mataram, têgêse wisamarta: nyirêp upas.

Wasbir:

Iku bangsaning bruwang dumunung ing tanah Aprikah, pasabane ing kêkayon.

Wêsi brani:

Wiwite wêsi brani kasumurupan wong Eropah ana gawene, kanggo pandoman sapêpadhane nalika taun 1108 D.K. 1907 no. 90.

--- 2 : 1134 ---

Wawa:

1. Kw. naam hwaba, tutuha, srikangka, windra, lawus, lolidha, bruwarda, 2. Kw. woord, nêmên, tandhing, sabab, anggawa 3 Tj. B. nganggo. 4: wawa utawa jibon, pasabane ing alas pulo Malakah, utawa ing tanah Indhu ngarêp, mangan wowohan.

Wiwi:

Tj. B. muka.

Wuwa (waduaji):

Têgêse: sawadhah, kang aran wuwa mau wadhah pari kayadene tobong, amot pari 12½ gèdhèng, mulane digawe paroning amêt.

Wuwu:

1. Tj. B. wakul. 2. Wisaya iwak kali ingaran: wuwu, ubênging balêndhuke 5 kaki, ing jêro nganggo tutup bêsatan, ingaran: gêndam, sakiwa têngêning bolongan kang katutupan ing gêndam mau nganggo didokoki pakan, sêga diulêd karo bawang tuwin rayap, wuwu kasilêpake ing banyu, kang pakolèh sajroning kêdhung kang kinira akèh iwake, sarana dipathoki, supaya ora bisa owah saka panggonane, pamasange diantarakake sadina sawêngi, esuke diêntas, adat olèh-olèhane iwak wagal, klalèn, lêmpuk, badhèr, lele lan liya-liyane kang kawilang gêdhe.

Wawar:

zie têmpuk.

Wiwarakênya:

zie kori ijo.

Wiwarapriya:

zie kori ijo.

Wawasi:

zie pandhita (8).

Wali (piranti):

zie ukiran.

Wali (padhalangan):

Para wali ing Dêmak kang yasa wayang purwa rai miring, mêcah saka anane wayang bèbèr, awit saka panuwune Radèn Patah nalika taun 1443, bakale walulang kêbo ginawe tipis, nganggo diputih kalawan gêrusan balung ingancur, tangane isih iras têkan ing dhêngkul.

--- 2 : 1135 ---

Wali.:

Ing ngisor iki pratelane para wali ngarêp, wiwit kapranata Susuhunan Ngampèldênta karaton Dêmak, nganti tutug jaman karaton Mataram wêkasan.

Sultan Dêmak I.

wali sanga.

1. Susuhunan Ngampèldênta, putrane: Maolana Abu Ibrahim Asmara, Sèh Jumadil Kubra, Sèh Jumadil Kabir, Sèh Mahmudinil Kubra, Sayid Ngabdurrahman, Sayid Ngabdullah, Sayid Hasan, Sayid Sêmangun, Sayid Najêmudinil Kubra, Sayid Najêmudinil Kabir, Sayid Jenal Kabir, Sayid Jenal Ngalim, Sayid Jenal Ngabidin, Sayid Amirul Husèn, Sultan Madinah, Siti Patimah garwa Bagendha Ngali Murtala, Kangjêng Nabi Mukhamad,

2. Raja Pandhita ing Grêsik, putrane: Maolana Abu Ibrahim Asmara.

3. Susuhunan Majagung, putrane

--- 2 : 1136 ---

Sultan Sirajudin, Rajakiyan (munggahe manèh ora olèh lacak).

4. Susuhunan Gunungjati, putrane: Pangeran Sèh Suta Maharaja, Maolana Abu Amad Iskak, Sèh Jumadil Kubra,

5. Susuhunan Ngudung, putrane: Sayid Kalipah Kusèn, Sèh Madi, Sayid Hasan

6. Susuhunan Girigajah Kadhaton, putrane: Sèh Wali Lanang, Maolana Abu Amad Iskak.

7. Susuhunan Waliyolah ing Pragonan, putrane: Sèh Abu Nangim Ngabdul Ngalim Asparani, Sèh Kusèn Nil Asparani, Sèh Mukamad Asparani, Sèh Ngarip Asparani, Sèh Adam, Sayid Ibrahim Asparani, Sayid Imam Tuskara ing Yahman, Sèh Askar, Sayid Hasan,

--- 2 : 1137 ---

8. Susuhunan Sèh Iman Pugêran, putrane: Sèh Ajikiyan, Sèh Malik, Sèh Jakpar Sadik, Maolana Kamdanil Kubra, Sayid Mahmudinil Kubra,

9. Susuhunan Pandhanarang, putrane: Maolana Abu Ahmad Iskak, Sultan Dêmak II, Wali wolu.

10. Isih Susuhunan Gunungjati.

11. Susuhunan Bonang, putrane: Susuhunan Ngampèldênta,

12. Susuhunan Darajat, iya putrane: Susuhunan Ngampèldênta,

13. Susuhunan Giri Dalêm Kadhaton, putrane Susuhunan Giri Gajah Kadhaton,

14. Susuhunan Padusan, putrane: Pangeran Kalipah Kaji Ngusman ing Malaka, Raja Pandhita ing Grêsik.

15. Susuhunan Kalinyamat, putrane: Pangeran Kalipah Kaji Ngusman,

16. Susuhunan Muryapada, putrane: Pangeran Kalipah Kaji Ngusman,

17. Susuhunan Kudus, putrane: Susuhunan Ngudung

--- 2 : 1138 ---

Sultan Dêmak III, Wali rolas.

18. Isih Susuhunan Bonang,

19. Isih Susuhunan Darajat,

20. Isih Susuhunan Kudus, banjur dadi pangulu,

21. Susuhunan Kalijaga, putrane: Radèn Arya Mlayakusuma barêng ana ing Japara aran Tumênggung Wilatikta, Radèn Tejakusuma Adipati ing Tuban, Radèn Nêmbe, punggawa ing Majapait, Radèn Lêmbusura, Adipati ing Surabaya, Radèn Tejalaku punggawa ing Majapait, Radèn Teja, adipati ing Tuban, kaparingan tariman putrine Prabu Bratana.

22. Susuhunan Giri Têgalwangi, putrane: Susuhunan Giri Gajah Kadhaton,

23. Susuhunan Giri Kidul, iya putrane: Susuhunan Giri Gajah Kadhaton.

24. Susuhunan Giri Kulon, iya uga putrane: Susuhunan Giri Gajah Kadhaton,

25. Susuhunan Waruju, iya isih uga putrane: Susuhunan Giri Gajah Kadhaton,

26. Susuhunan Gêsêng, iya Susuhunan Panggung jêjuluk Sèh Malang Sumirang, putrane: Sayid Kalipah Kusèn,

--- 2 : 1139 ---

27. Susuhunan Giri Kasêpuhan, seda ginêntenan sadhèrèk

Susuhunan Giri Parapèn, iya padha putrane: Susuhunan Giri Dalêm Gajah Kadhaton.

28. Susuhunan Têmbayat, putrane: Susuhunan Pandhanarang,

29. Susuhunan Jênar, putrane: Kyai Agêng Ngêrang, sumare ing Sela, Sultan Pajang, Wali papat.

30. Isih Sunan Giri Parapèn,

31. Isih Sunan Kudus,

32. Susuhunan Adi Kadilangu, barêng arêp seda wis jaman Mataram, salin jêjuluk Pangeran Jayaprana, sumare ing Kuthagêdhe, kasêbut ing layang Babad MataramVoorb.

Tyas rinaos kapranèng panggalih / saaturing wayah Senapatya / wusana lon andikane / dhuh nyawa wayah ingsun / Senapati sandeyèng kapti / ya bênêr aturira / mrih tilasing pungkur / nging ta ingsun lihên aran / julukana: Pangran Jayaprana: bêcik / tunggunên ingsun nendra // ... putrane

Susunan Adi ing Kalijaga

Susunan Kalijaga

33. Susuhunan Kagaluhan, putrane

--- 2 : 1140 ---

Pangeran Adipati Kagaluhan, Susuhunan Gunungjati, Mataram Senapati Wali loro.

34. Susuhunan Giri Karangguwa, putrane: Susuhunan Giri Parapèn,

35. Susuhunan Adilangu, putrane: Susuhunan Adi Kadilangu = Pangeran Jayaprana, Mataram sumare Krapyak, Wali ora sêsêbutan Susuhunan liniru Panêmbahan, Wali papat.

36. Panêmbahan Jurukithing, putrane: Adipati Môndaraka = Jurumartani,

37. Panêmbahan Agung ing Giri Karangguwa, putrane: Susuhunan ing Giri Karangguwa,

38. Panêmbahan Jiwa, ing Têmbayat, putrane: Susuhunan Têmbayat,

39. Panêmbahan Adilangu seda Kêpuh, putrane: Susuhunan Adilangu, Mataram Sultan Agung, Wali wolu,

40. Isih Panêmbahan Jurukithing

41. Panêmbahan Agung ing Giri Liman, putrane: Panêmbahan Agung ing Giri Karangguwa,

--- 2 : 1141 ---

42. Panêmbahan Natapraja ing Kadilangu, putrane: Panêmbahan Adilangu seda Kêpuh,

43. Panêmbahan Kaji ing Kadilangu, putrane: Panêmbahan Katib, Panêmbahan Pangulu, Panêmbahan Agung, Kyai Agêng Ngêrang sumare Sela.

44. Panêmbahan Kabo ing Têmbayat, banjur dadi Pangulu, putrane: Panêmbahan Jiwa ing Têmbayat, Kang anggêntèni Panêmbahan Masjid wetan, putrane Panêmbahan Kabo,

45. Panêmbahan Pase, putrane: Panêmbahan Jiwa,

46. Panêmbahan TandhohLandhoh. ing Pathi, putrane: Adipati Pathi Seda Kadhaton, Adipati Pathi Seda ing Biting Taji, Kyai Agêng Pathi = Panjawi,

47. Panêmbahan Rama ing Kajoran, putrane: Pangeran Mas Adipati Pajang, Sultan Pajang, Mataram, Mangkurat, Têgalarum, Wali papat,

48. Panêmbahan Rama ing Kajoran, putrane: Pangeran Radèn ing Kajoran, Pangeran Agus ing Kajoran, Panêmbahan Agung ing Kajoran, Panêmbahan Agung sumare Panaraga,

49. Panêmbahan Wijil ing Kadilangu, putrane: Panêmbahan Kaji ing Kadilangu,

--- 2 : 1142 ---

50. Isih Panêmbahan Masjid Wetan,

51. Isih Panêmbahan Agung ing Giri Liman.

Barêng panjênêngane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat ing Kartasura, pêpangkataning para wali: karucat, mung kajêjêrake dadi abdi dalêm pradikan, kongsi tutug jaman Surakarta 1832.

--- 2 : 1143 ---

Susunan ing Ngampèldênta: Surabaya, Raja Pandhita ing Garêsik: Surabaya, Susunan ing Majagung: Surabaya, Susunan Gunungjati: Cirêbon, Susunan Ngudung: Madura, Susunan Giri Gajah Kadhaton: Surabaya, Susunan Pandhanarang: Samarang, Pangeran Sapanjang: Surabaya, Pangeran Tumapêl: Madura, Kyai Agêng Gribig: Malang (Pasuruhan), Susunan Benang: Tuban (Rêmbang), Susunan Dalêm ing Giri Kadhaton: Surabaya, Susunan Kalinyamat: Japara, Susunan Muryapada: Japara, Susunan Kudus: Japara, Kyai Agêng Gêtas Pandhawa: Sela, Surakarta, Kyai Agêng Sampang: Madura, Kyai Agêng Wanasaba: Bagêlèn, Susunan Lèpènjaga Kadilangu: Samarang, Susunan Giri Kidul Garêsik: Surabaya, Susunan Giri Kilèn Garêsik: Surabaya, Susunan Giri Kasêpuhan Garêsik: Surabaya, Susunan Giri Parapèn Garêsik: Surabaya, Susunan Giri Têmbayat, Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Gugur ing rêdi Lawu: Surakarta,

--- 2 : 1144 ---

Panêmbahan Agung ing Ngampèldênta: Surabaya, Panêmbahan Majagung: Surabaya, Pangeran Pasir Batang: Têgal, Kyai Agêng Sela: Surakarta, Kyai Agêng Toyawilis, Sukaharja: Surakarta, Kyai Agêng Majasta, Sukaharja: Surakarta, Kyai Agêng Tingkir, Ambarawa: Samarang, Kyai Agêng Bêtah, Sragèn: Surakarta, Kyai Agêng Pêngging, Bayalali: Surakarta, Kyai Agêng Jabalkanil Klathèn: Surakarta, Sèh Dumba Têmbayat Klathèn: Surakarta, Susuhunan Adi ing Kadilangu: Samarang, Panêmbahan Agung Kajoran Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Jiwa ing Têmbayat Klathèn: Surakarta, Panêmbahan PrawitaPruwita. ing Rêdên Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Sujana ing Kudus: Japara, Pangeran Arya Balanjar ing Wôngga, Klathèn: Surakarta, Pangeran Kartasana, Nganjuk: Kadhiri, Pangeran Senapati ing Giri, Garêsik: Surabaya, Pangeran Sawo ing Giri, Garêsik: Surabaya, Pangeran Bangsri, Karanganyar: Surakarta, Pangeran Wirasaba: Kêdhiri, Kyai Agêng Bangsri Karanganyar: Surakarta, Kyai Agêng Nis Nglawiyan: Surakarta, Kyai Agêng Pamanahan Sela: Surakarta, Kyai Agêng Jurumartani Mataram: Ngayogya, Susunan Waliulah ing Pragonan.

Susunan Sèh Imam Pugêran, Maolana Gaibi, Panêmbahan Tuwan Sarip, Pangeran Molana Mahrib, Pangeran Sitijênar, Pangeran Atasangin, Pangeran Panggung, Pangeran Wanakrama, Sèh Samsu Tabaris, Sèh Sabil, Sèh Aji Duta, Sèh Gontor, Sèh Imam Sampurna, Sèh Jamhur Ngali, Sèh Sarapudin, Kyai Agêng Wanapala, Susunan Darajat, Susunan Padusan, Pangeran Khalipah Khaji Ngusman, Pangeran Khalipah Nuraga, Pangeran Cahyana, Pangeran Tragnyana, Pangeran Manyura, Pangeran Pagêndhingan, Pangeran Selapêthak, Pangeran Kabinan, Sèh Muhkhamad Sapingi, Kyai Agêng Miyara, Kyai Agêng Sahilan, Kyai Agêng Wanasraya, Kyai Agêng Garigis, Susunan Giri Têgilwangi, Susunan Waruju, Susunan Gêsêng,

--- 2 : 1145 ---

Susunan Jênar, Pangeran Jambukarang, Pangeran Kaloran, Pangeran Dhêkêt, Pangeran Bongkot, Pangeran Bulu, Pangeran Wêru, Pangeran Dalima, Pangeran Urugan, Kyai Agêng Wanantara, Kyai Agêng Ngêrang, Kyai Agêng Langgar, Kyai Agêng Pangantèn, Susunan Kagaluhan, Panêmbahan Tuwan ing Gumêlêm, Panêmbahan Pôncawati, Panêmbahan Pakaos, Pangeran Kêthêk, Pangeran Kunci, Pangeran Saba, Pangeran Kêtib Panjang, Pangeran ing Ngêtal, Pangeran Waringin Pitu, Pangeran Pakampuhan, Pangeran Mada, Pangeran Bêbêk, Pangeran Wiryadi, Pangeran Dhukuh, Pangeran Jaladiningsih, Pangeran Wuluh, Pangeran Winongan, Pangeran Kênêp, Pangeran Gêgênêng, Pangeran Sêkarkurung, Kyai Agêng Purna, Kyai Agêng Kare, Kyai Agêng Wanglu, Kyai Agêng Bongkang, Kyai Agêng Bokong, Kyai Agêng Ngadibaya, Kyai Agêng Lurung Têngah, Kyai Agêng Saba, Kyai Agêng Jati, Kyai Agêng Satanèn, Kyai Agêng Pakis, Kyai Agêng Kawislo, Kyai Agêng Ngêring, Kyai Agêng Luhungsalawe, lajêng dados wadana tani, Kyai Agêng Padhas, Kyai Agêng Giring, Kyai Agêng Sapuwêdhar, Kyai Agêng Karangwidara, Kyai Agêng Murdapa, Sèh Kalidhatu, Sèh Sabuk Janur, Sèh Sêkarjingga, Sèh Bluwabluwu, Kyai Agêng Pilang, Kyai Agêng Pagêdhongan, Kyai Agêng Parakan, Kyai Agêng Pancuran, Kyai Agêng Khalipah, Kyai Agêng Pacira, Kyai Agêng Menaksopal, Susunan Giri Kawistuwa Garêsik: Surabaya, Susunan Adi ing Ngadilangu: Samarang, Kyai Agêng Pagêr Rêdi, Kyai Agêng Cucuk Dhepok, Kyai Agêng Ragabagus.

--- 2 : 1146 ---

Kyai Agêng Giring, Kyai Agêng Jêbèng, Kyai Agêng Mintir, Kyai Agêng Giyota, Kyai Agêng Ngulakan, Kyai Agêng Manggar, Kyai Agêng Cawas, Kyai Agêng Dhadhag, Kyai Agêng Sônggarunggi, Kyai Agêng Undhagèn, Kyai Agêng Sêkarpêthak, Kyai Agêng Toyareka, Kyai Agêng Sênon, Kyai Agêng Ngadirasa, Kyai Agêng Lawaijo, Kyai Agêng Karendhetan, Kyai Agêng Karanon, Kyai Agêng Tambak, Kyai Agêng Abu Khanipah, Kyai Agêng Giring Wanasagara, Kyai Agêng Tanduran, Kyai Agêng Ngarum, Kyai Agêng Marisi, Kyai Agêng Pucang, Kyai Agêng Sawakul, Kyai Agêng Samawoya, Kyai Agêng Ngasêm, Kyai Agêng Pêlêm, Kyai Agêng Kaceme, Kyai Agêng Silarong, Kyai Agêng Kawangsèn, Kyai Agêng Gambira, Panêmbahan Pase, Kyai Agêng Giring Wanasigra, Kyai Agêng Giring Wanabaya, Kyai Agêng Giring Wanasari, Kyai Agêng Kawispakèl, Kyai Agêng Toyareka kaping kalih, Kyai Agêng Bodho, Kyai Agêng Ngawu-awu, Kyai Agêng Rawadalêm, Pangeran Winongan, Kyai Agêng Giring Wanakusuma, Kyai Agêng Sumbêr, Kyai Agêng Karandhêgan, Kyai Agêng Pandhak, Kyai Agêng Wanadadi.

--- 2 : 1147 ---

Susunan ing Ngampèldênta: Surabaya, Raja Pandhita ing Garêsik: Surabaya, Susunan ing Majagung: Surabaya, Susunan ing Gunungjati: Cirêbon, Susunan Ngudung: Madura, Susunan Giri Gajah Kadhaton: Surabaya, Susunan Pandhanarang: Samarang, Pangeran Sapanjang: Surabaya, Pangeran Tumapêl: Madura, Kyai Agêng Gribig, Malang: Pasuruhan, Susunan Benang, Tuban: Rêmbang, Susunan Dalêm ing Giri Kadhaton: Surabaya, Susunan Kalinyamat: Japara, Susunan Muryapada: Japara, Susunan Kudus: Japara, Kyai Agêng Gêtas Pandhawa (Grobogan): Samarang, Kyai Agêng Sampang: Madura, Kyai Agêng Wanasaba: Bagêlèn, Susunan Lèpènjaga, Kadilangu: Samarang, Susunan Giri Kidul (Garêsik): Surabaya, Susunan Giri Kilèn (Garêsik): Surabaya, Susunan Giri Kasêpuhan (Garêsik): Surabaya, Susunan Giri Parapèn (Garêsik): Surabaya, Susunan Giri Têmbayat (Kalathèn): Surakarta, Panêmbahan Gugur ing Rêdi Lawu: Surakarta, Panêmbahan Majagung: Surabaya, Pangeran Pasir Batang: Têgal, Kyai Agêng Sela: Surakarta, Kyai Agêng Toya Wilis Sukaharja: Surakarta, Kyai Agêng Majasta Sukaharja: Surakarta, Kyai Agêng Tingkir, Ambarawa: Samarang, Kyai Agêng Bêtah, Sragèn: Surakarta, Kyai Agêng Pêngging, Bayalali: Surakarta, Kyai Agêng Jabalkanil, Kalathèn: Surakarta, Sèh Dumba, Têmbayat: Surakarta, Susunan Adi ing Kadilangu: Samarang,

--- 2 : 1148 ---

Panêmbahan Agung Kajoran Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Jiwa ing Têmbayat, Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Prawita Rêdên, Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Sujaka ing Kudus, Japara: Samarang, Pangeran Arya Balanjar ing Wôngga, Kalathèn: Surakarta, Pangeran Kartasana, Nganjuk: Kadhiri, Pangeran Senapati ing Giri, Garêsik: Surabaya, Pangeran Sawo ing Giri, Garêsik: Surabaya, Pangeran Bangsri, Karanganyar: Surakarta, Pangeran Wirasaba, Kêdhiri: Kêdhiri, Kyai Agêng Bangsri, Karanganyar: Surakarta, Kyai Agêng Nis, Nglawiyan: Surakarta, Kyai Agêng Pamanahan Sela: Surakarta, Kyai Agêng Jurumartani, Mataram: Ngayogya, Pangeran Jayaprana sêpuh, Simawalèn: Surakarta, Kyai Agêng Masahar, Masaran: Surakarta, Kyai Agêng Lowanu, Purwarêja: Bagêlèn, Kyai Agêng Sêkarlampir: Surakarta, Kyai Agêng Selandaka: Surakarta, Kyai Agêng Lawu: Surakarta, Kyai Agêng Samantên: Ngayogyakarta, Pangeran Agus Kajoran: Surakarta, Panêmbahan Kudus: Japara, Panêmbahan Jiwa: Surakarta, Pangeran Jungut ing Wôngga: Surakarta, Pangeran Kampak: Surakarta, Pangeran Bangsulan: Surakarta, Pangêran Kalesan: Surakarta, Pangeran Maos: Surakarta, Pangeran Sawo: Surakarta, Pangeran Turus: Surakarta, Pangeran Wêlang: Surakarta, Kyai Agêng Kêdhusiwur: Kêdhu, Kyai Agêng Sraya: Surakarta, Kyai Agêng Panjêr, Kabumèn: Bagêlèn, Panêmbahan Jurukithing: Ngayogyakarta, Panêmbahan Agung ing Giri Kawistuwa, Grêsik: Surabaya, Panêmbahan Ngadilangu ingkang seda ing Kêpuh: Samarang, Pangeran Kudus: Japara, Pangeran Driyawôngsa ing Wôngga: Surakarta, Pangeran Nayapatra ing Wôngga: Surakarta, Pangeran Jungut kaping kalih ing Wôngga: Surakarta, Kyai Agêng Bayipanurta ing Wirasaba: Kadhiri, Kyai Agêng Gêtasaji, Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Agung ing Giriliman Garêsik: Surabaya, Panêmbahan Natapraja ing Kadilangu: Samarang, Panêmbahan Khaji ing Ngadilangu: Samarang, Panêmbahan Kabo ing Têmbayat, Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Landhoh ing Pathi: Japara, Panêmbahan Radèn ing Kajoran Kalathèn: Surakarta, Pangeran Lamongan: Surabaya, Pangeran Kudus: Japara, Pangeran Konang, Kalathèn: Surakarta, Pangeran Pacalan Kalathèn: Surakarta, Pangeran Driyawôngsa kaping kalih Kalathèn: Surakarta, Pangeran Kalesan kaping kalih Kalathèn: Surakarta, Pangeran Rarajungan: Ngayogyakarta, Kyai Agêng Palunêng Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Rama ing Kajoran Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Wijil ing Kadilangu: Samarang, Panêmbahan Masjit Wetan ing Têmbayat Kalathèn: Surakarta, Panêmbahan Pangulu ing Giriliman Garêsik: Surabaya, Pangeran Jaka ing Sumyang Kalathèn: Surakarta, Pangeran Mindêl Kalathèn: Surakarta, Pangeran Wôngsandriya Kalathèn: Surakarta, Pangeran Panêngah Kalathèn: Surakarta, Pangeran Sumêndhi Kalathèn: Surakarta, Pangeran Wuragil Kalathèn: Surakarta, Kyai Agêng Karangnôngka Bayalali: Surakarta,

--- 2 : 1149 ---

Pangeran Jayaprana sêpuh Simawalèn: Surakarta, Kyai Agêng Masahar, Masaran: Surakarta, Kyai Agêng Lowanu Purwarêja Bagêlèn: Bagêlèn, Kyai Agêng Sêkarlampir: Surakarta, Kyai Agêng Selandaka: Surakarta, Kyai Agêng Lawu: Surakarta, Kyai Agêng Samantên: Ngayogyakarta, Pangeran Agus Kajoran: Surakarta, Panêmbahan Kudus: Japara, Panêmbahan Jiwa: Surakarta, Pangeran Jungut ing Wôngga: Surakarta, Pangeran Kampak: Surakarta, Pangeran Bangsulan: Surakarta, Pangeran Kalesan: Surakarta, Pangeran Maos: Surakarta, Pangeran Sawo: Surakarta, Pangeran Turus: Surakarta, Pangeran Wêlang: Surakarta, Kyai Agêng Kêdhusiwur: Kêdhu, Kyai Agêng Sraya: Surakarta, Kyai Agêng Panjêr, Kabumèn: Bagêlèn, Panêmbahan Jurukithing: Ngayogyakarta, Panêmbahan Agung ing Giri Kawistuwa, Garêsik: Surabaya, Panêmbahan Ngadilangu ingkang seda ing Kêpuh: Samarang, Pangeran Kudus: Japara

--- 2 : 1150 ---

Pangeran Driyawôngsa ing Wôngga: Surakarta, Pangeran Nayapatra ing Wôngga: Surakarta, Pangeran Jungut kaping kalih ing Wôngga: Surakarta, Kyai Agêng Bayipanurta, ing Wirasaba: Kadhiri, Kyai Agêng Gêtasaji, Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Agung ing Giriliman, Garêsik: Surabaya, Panêmbahan Natapraja ing Kadilangu: Samarang, Panêmbahan Kaji ing Ngadilangu: Samarang, Panêmbahan Kabo ing Têmbayat, Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Landhoh ing Pathi: Japara, Panêmbahan Radèn ing Kajoran Klathèn: Surakarta, Pangeran Lamongan: Surabaya, Pangeran Kudus: Japara, Pangeran Konang Klathèn: Surakarta, Pangeran Pacalan Klathèn: Surakarta, Pangeran Driyawôngsa kaping kalih Klathèn: Surakarta, Pangeran Kalesan kaping kalih Klathèn: Surakarta, Pangeran Rajungan: Ngayogyakarta, Kyai Agêng Palunêng Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Rama ing Kajoran Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Wijil ing Kadilangu: Samarang, Panêmbahan Masjid Wetan ing Têmbayat Klathèn: Surakarta, Panêmbahan Pangulu ing Giriliman, Garêsik: Surabaya, Pangeran Jaka ing Sumyang Klathèn: Surakarta, Pangeran Mindêl Klathèn: Surakarta, Pangeran Wôngsandriya Klathèn: Surakarta, Pangeran Panêngah Klathèn: Surakarta, Pangeran Sumêndhi Klathèn: Surakarta, Pangeran Wuragil Klathèn: Surakarta, Kyai Agêng Karangnôngka Bayalali: Surakarta.

--- 2 : 1151 ---

Wali (sanga):

Sapandhita, sapanêmu.

Wali (pangantèn):

Wong ora kêna dadi wali, kaya ta: 1. Wong edan. 2. Wong wadon. 3. Wong lara. 4. Wong picak. 5. Wong bodho. 6. Bocah zie K. T. 215-10.

Wulu:

zie srandu katuranggan.

Wulu:

a. zie srandu kêbo sapi.

Wulu b:

1. Pêrluning wulu nêm prakara: a. Niyat. b. Masuh rai. c. Masuh tangan. d. Masuh kuping. e. Masuh sikil. f. Tartip (masuh sikut lan dhêngkul).

2. Sunating wulu limang prakara: a. Masuh êmbun-êmbunan. b. Ngisêp banyu ing irung. c. Masuh githok. d. Kêmu. e. Ngumbah urat.

--- 2 : 1152 ---

3. Bataling wulu limang prakara: a. Anggêpok urat. b. Kêtiban, anggêpok lan ngidak barang kang najis. c. Mêtu sêsukêre (nguyuh ngising utawa ngêntut). d. Anggêpok wong wadon kang dudu mukrime. e. Turu lali.

--- 2 : 1153 ---

Wulu c. Kw.:

harla, krima, bulu

Wulu d. (katuranggan):

Mungguh ulêsing jaran iku kang utama mung ana loro, abang lan irêng.

Prabote jaran abang: kuncung kang ngumbala mawur, kulit kang tipis, tracak kang nanjung sarta kang alus sêrate, suri kang pêra sarta kang tipis, wulu kang pandhês, buntut sarang utawa sathithik, balung kang cilik.

Prabote jaran irêng: kuncung kang kêmpêl andalojor, kulit kang kandêl kêndho, tracak kang cèpèr,

--- 2 : 1154 ---

suri padha kaya kuncung kang kêmpêl andalojor sarta akèh lan kandêl, wulu kang anggropok, buntut kang mapah pucang, balung kang gêdhe.

Bab silih asihing dandanan utawa ulêsing jaran.

Prabote jaran abang kang dadi pêpêthingan ana limang prakara, kaya ta: kuncung, kulit, tracak, suri lan wulu.

Prabote jaran irêng mung ana rong prakara, kaya ta: buntut lan balung

Mungguh praboting jaran kang kalêbu pilihan kaya ing ngisor iki: kuncung kang ngumbala mawur, kulit kang tipis, tracak kang nanjurnanjung. sarta kang alus sêrate, suri kang tipis, wulu kang pandhês, buntut kang mapah pucang, balung kang gêdhe,

Mulane kajupuk silih asih, awit saupama jaran iku mung kadunungan dandanan abang bae, mêsthi atine ora burus, wah bantêr bangêt, tur ora duwe karosan, yèn mung kadunungan dandanan jaran irêng bae, [bae...]

--- 2 : 1155 ---

[...,] sing mêsthi kurang atine, utawa bangêt kêbluke, dene yèn bisa ganêp silih asihe kaya ing dhuwur mau, kajaba bagus rupane amêsthi burus atine, lan ajêg karosane.

Kabagusaning jaran iku kang olèh pada wadanane, sarta raga janggane.

Bakuning wulu jaran iku ana papat, abang, irêng, kuning lan putih.

Abang, nganakake wulu napas lan jragêm.

Irêng, nganakake wulu mangsi banyu, janjan biru lan lêmah têlês.

Kuning, nganakake wulu plumpung.

Putih, nganakake wulu bopong.

Pancal, plôngka, dhawuk enz. môncawarna.

Wolu (waduaji):

Mirit dununging keblat antara dadi etung wolu.

Waluh:

Utawa walèh sabangsane, kaya ta: kanthi, dêlêg, têlik, labu, jêpan, mêlêg, gerong, bokor, bligo. Waluh sapanunggalane mau panandure ana ing pakêbonan, rumambat ana ing wit-witan, nuju môngsa labuh kapat. Kêna dikêla utawa dikluwa.

Waluh wangsalan Tjent. toyaning tangis, olèh dening: luh.

Wilah:

zie srandu kêris.

Walur:

Walur thukul dhewe sabên ing môngsa labuh, patine yèn wis sataun môngsa têrang. Talutuhing dhangkèl walur iki anggatêli, nanging

--- 2 : 1156 ---

walure enak pinangan, sarana dioncèki kulite dhisik, banjur diiris-iris kang tipis-tipis, banjur dipe supaya ilang talutuhe, wusana digodhog: yèn têlêsan, utawa digorèng, yèn digaringake.

Wangsalan:

Tjent. pangudharing bênang, olèh dening ulur.

Walrus:

iku dumunung ing sagara anjêndhêl lor, gajihe kêna ginawe lênga.

Waluring (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris waluring luk 11, kêmbang kacang sogokan, rekol kêrêp pucuk banjur gilig.

Dhapuring kêris waluring luk 13, kêmbang kacang, lambe loro, sogokan, sraweyan.

Walika:

bocah bajang P.R.I. 197 (32)

--- 2 : 1157 ---

Waluku.

Taun, Wiwit maluku ing dina, Saka, Wisan, Panyêbaring wiji sarta tancêbing tandur dina, Ama, Sarate, Katrangan, Alip, Jumungah, kidul wetan, têngah, Jumungah, bangbangan, ampo sarta jêruk gulung, pinêndhêm ana ing tulakan, Ehe, Rêbo, lor, lor kulon, Rêbo, manuk, gêdhang saba, id., Taun, Wiwit maluku ing dina, Saka, Wisan, Panyêbaring wiji sarta tancêbing tandur dina, Ama, Sarate, Katrangan, Jimawal, Sêtu, têngah, lor, Sêtu, Bugangan, lêri bungkak sambêl cabe jangan mênir, sinajèkake ing tulakan, Je, Kêmis, lor wetan, kidul kulon, Kêmis, cèlèng, uncêt abang, kang wis wadhang trasi abang lan jagung saontong, pinêndhêm ana ing tulakan, Dal, Ngahad, kidul, lor, Ngahad, ulêr, tai lutung sarta budhêngan, id, Be, Sênèn, wetan, lor kulon, Sênèn, sundêpan, tlethong jaran, id, Wawu, Salasa, kidul wetan, kidul kulon, Salasa, walang, lênga taun, id, Jimakir, Jumungah, kidul wetan, têngah, Jumungah, tikus bêrit, jênang baro-baro, ênjêt pangaji sigar ora kêna nganyang lan godhong waringin salêmbar binuntêl tinalèn ing lawe wênang ubêt têlu., id.[grafik].

Walik êlar:

Godhong walik êlar, yèn kaliru dikulup, utawa dikêla: ngêndêmi, êndême kaya mangan dhangkèl sungsang, ananging iki nganggo mutah, sarta ora andadèkake pati, tanpa panawa mari dhewe, uwit walik êlar kaya uwiting kadhawung, rumambat ing wit-witan gêdhe, godhonge kaya godhong mlinjo (= so), nanging rada dawa thukule ana ing alas, arang ana ing padesan.

Walakang Kw.:

turwaka, wadidang, lakang

Wêlut:

Wangsalan Tjent. tansah asih, olèh dening lulut.

Wolat:

zie tulis.

Wilatikta:

radèn tumênggung ... zie K.L. no. 2. zie Sel. no. 10. II.

--- 2 : 1158 ---

Wilis:

zie tawon.

Wêlas nangis:

zie gend.

Wilasaya:

pujangga êmpu ... zie P.N. no. 1. 2. 3. en 4.

Wulu wajik:

zie srandu katuranggan (kucur).

Walulin:

' = akas. Wêsi walulin otote kaya wêsi malela, rupane biru, wong angarani: wêsi akas, yèn dithinthing unine: gung, sarta gêtêr, watêke akas adhangan kang nganggo, bisa nêkakake rijêki, tulus rajakayane lan pitik iwène, kajèn kèringan, bisa ngrampungi prakara kang angèl, pangampuhane panas kaya gêni, pangane balung têkèk lan balung landhak karo kayu garu diwor, nuli diwur-wurake, lêngane: candu lan lênga wijèn, apadene lênga klêntik krambil ijo.

Walulin:

en malik. Wêsi walulin awor lan wêsi malik iku dadi wêsi ala, rupane biru amêrkutuk bêlang-bêlang sêpi, yèn dithinthing unine: thong, gung, yèn dhapure luk kang nganggo kêrêp ngabuk-abuk duwèking wong liya, yèn dhapure bênêr, dadi bêkêl desa, sugih rajakaya, bisa ngingoni anak putune, nanging kêrêp kelangan, dèn ngati-ati.

Willêwal:

Iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah Eropah.

Wollêp:

(= asu alas) dumunung ing tanah

--- 2 : 1159 ---

Ruslan sarta Asiyah, môngsa daging.

Walulang:

zie srandu kêbo sapi.

Wulu puhun:

Wulu puhun iku wulu jêmpolan sikil, yèn wong turu dibêdhol wulune puhun, sanadyan lembon: amêsthi tangi, dening larane karasa sajroning turu.

Waliyolah:

sunan ... zie Wali no. 7.

Walang Kw.:

kithika, wancak, wancal, wancala, pancak.

Wulang:

pamulangan Kw. pacrabakan, pawarahan, pawasitan, pawiyatan, pajaran, pangajaran.

Wulung:

zie uwi

Wulung a abang, Wulung b abang tuwa, Wulung c klawu, Wulung d lurik ... padha dhadhu putih dumunung ing tanah Eropah pasabane ing sêgara, mangan iwak laut

Walingi (kawruh êmpu):

Wêsi walingi, rupane kuning sêmu putih sorote ijo, asale mêtu saka sajroning laut, yèn dithinthing muni ambrangêngêng, watêke slamêt, gangsar ginawe luru sandhang pangan, nanging ora kêna ginawe potang, yèn tinêrak ilang donyane. Gunane dadi panawaring upas, yèn ginawa lêlungan ana ing saba paran nêmu saduluran bêcik, pangane balung manuk dara lan warangan, karo babakan kayu asêm, didhêplok banjur diwur-wurake, lêngane gajih pitik.

Walangati (= sumêlang)

Walang kêncèt:

Ciri walang kêncèt, jaran pancal sikile têlu, watake ala, sok nibakake, ngarangngarah. patine kang nunggang.

--- 2 : 1160 ---

Walang kêtunon:

Ciri walang kêtunon, jaran pancal wiwit ugêl-ugêl dhuwur sikil ing buri, watêke ala, kang duwe sok kêcurnan wêwadine.

Walangkapa Kw.:

dumrada, sangkri, sanggrita, langkawa, langkapa.

Walangkadhak:

zie kambil karajan no. 5.

Walangsakêr (= wêwalêr):

Wêdhi:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. b.

Wadhah:

Tanpa tutup sarta tinatabake ora ilok, dadi pangane Bathara Kala.

Wadhuk:

zie srandu katuranggan.

Wadhuk (wisaya cèlèng):

Iku rajêg pring wutuhan, utawa sigaran sarana diblêsake kayadene pathok, kajèjèr kiwa têngên mawa gapit, kinira cèlèng ora bisa ambrobos, dhuwure 5 kaki, kinira cèlèng ora bisa mancolot, dohe kurang luwih 50 kaki, godhage ing ngarêp 25 utawa 30 kaki, banjur saya mingkup dadi kari 4 kaki.

Godhagan ngarêp mau didokoki pakan cèlèng, kaya ta: jagung, pohung, têbu, pari utawa saprayogane, wonge kang jaga singidan, samôngsa cèlèng wis marani pakanan mau, banjur dilakokake karo dioyak diarah playuning cèlèng mênyang panggonan pasangan balabag, utawa kayu kang ginawe mayat munggah banjur ana panggonan kang angluwêng, dadi mung kari amênthungi bae.

Wêdhi kèngsêr:

zie gend.

Wêdhus:

zie kara.

Wêdhus:

1. Dumunung saurute talaga Hinson, tanah Amerikah lor, wêdhus iku wudêle bisa ngwêtokake dhèdhès kayadene rase.

--- 2 : 1161 ---

2. Dumunung ing tanah Kasmir, utawa Ngindhu ngarêp, wulune kêna ditênun kanggo bangsaning calsyal. sapêpadhane. 3. Dumunung ing tanah Mêsir. 4. Dumunung ing tanah Asiyah tuwin Amerikah. 5. Dumunung ing tanah Eropah tuwin Ustraliyah têngah, kêna diingu ing wong, sarta wong siji kang kaya bisa ngingu wêdhus têlung utawa patang lêksa. 6. Wêdhus marinos, dumunung ing tanah Sapanyol, wulune kêna ditênun dadi marinos, 7. Wêdhus musthika, dumunung ing tanah Asiyah sarta Eropah têngah, wêdhus iku duwe musthika ana ing jêroan.

Wêdhus Kw.:

hami, kapkendra, kambing, duma, wrisa, padrawana, menda, gandhora, badro, badrawadha

--- 2 : 1162 ---

Wêdhung:

K.N. pasikon K.I. Wêdhung iku ana rupa têlu, kaya ta: 1. Wujud cengkrong, agême Kangjéng Gusti Pangeran Adipati Anom, sarta para pangeran putra santana dalêm. 2. Wêdhung kinatah verk. v. tinatah, nganggo pamor sarta diwarangi, agême pêpatih dalêm, sarta para abdi dalêm wadana kaliwon. 3. Wêdhung putihan, tanpa pamor mung wêsi lan waja bae, anggone para abdi dalêm panèwu mantri sapangisor.

Suh wêdhung têtêlu agême Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, liyane Kangjêng Gusti ora kalilan nganggo, dene lumrahe: suh wêdhung iku papat, bakale mas, utawa salaka, kang akèh: pênjalin, sarta ana kang nganggo godhegan, iku kabèh ora kalêbu ing larangan, êndi kang ora kawênangake iya kalêbu ing larangan, kaya ta: mantri nganggo wêdhung pamor, iku ora kêna, dadi kalêbu ing larangan nganggo dudu panganggone.

Abdi dalêm wadana kaliwon, panèwu mantri sapangisor yèn kautus anggandhèk: ora kalilan nganggo wêdhung.

Widhêng ukêl pakis:

zie srandu warôngka wêdhung.

Wijèn:

Wangsalan Tjent. maju pribadi, olèh dening ijèn.

--- 2 : 1163 ---

Wajar:

zie pari.

Wajik:

zie srandu kêbo sapi.

Wijil:

pangeran ... zie Sel. no. 14. IV.

Wijil:

pujôngga pangeran ... zie P.N. no. 44.

Wijil:

panêmbahan ... zie wali no. 49.

Wujil:

' = wong cebol zie P.R. 197 (36).

Wijil pisan en Wijil pindho ... zie dhatu no. 18 en 19.

--- 2 : 1164 ---

Wuye:

zie wuku.

Wayah têngange:

zie têngange.

Wiyara (Kutha Gêdhe):

pasarean, 1. Kyai Agêng Karanglo, 2. Kangjêng Ratu Pambayun, putrane Panêmbahan Senapati Ngalaga. 3. Kyai Agêng Gumulung. 4. Pangeran Rôngga.

Wayang:

Ing ngisor iki araning wayang pusaka karaton Surakarta Adiningrat, kaya ta:

a. Kyai Jimat, Kyai Kadung ... purwa, nalika yêyasa jênêngan damdalêm. Kyai Kadung taun 1744 (P.B. IV). balenconge Kyai Jimat, balencong Jimat. balenconge Kyai Kadung, kêbo Danu.

b. Kyai Jayèngkatong: gêdhog, nalika yasa jênêngan dalêm Kyai Jayèngkatong taun 1745 (P.B. IV). balenconge: balencong kanyut.

--- 2 : 1165 ---

Wayang (tatahan):

1. Nratas, lagi nglêkasi. 2. Ambêdhah, natah praupan. 3. Langgatan, bêdhahan kêncêng. 4. Ambubuk, ambolong lêmbut. 5. Matra, natah godhongan ing praba. 6. Nyêrit, natah rambut. 7. Anggubah, natah pêcahan sumping. 8. Ngêmas, gawe mas-masan ing jamang. 9. Ambodri, gawe wulu. 10. Andêling, ngongoti.

--- 2 : 1166 ---

Wayang (wônda):

Krêsna, rondhon, mawur, gêndrèh.

Kurupati, jangkung, jaka = Suyudana.

Dasamuka wandane têkèk, bêlis ... mripat siji. bugis, begal ... mripat loro

Sêtyaki, akik, wisuna, mimis.

Suyudana, jangkung, jaka = Kurupati.

Sêmar, wandane papat. brêbês, mêndhung ... met Bagong. punuk of ginuk, dhukun ... met Nalagarèng Petruk.

Sumbadra, rangkung, lancêng, lêntrêng.

Wêrkudara, mimis, lindhu, lintang.

Lara Irêng.

Petruk, jlêgong, jambêlang, mèsêm.

Pamade, pangasih, pangawe.

Janaka, kinanthi, kanyut, jimat, malat, mangu.

Yudhisthira, dêrês, panuksma, puthut.

Gathutkaca, kilat (longok), guntur (tumungkul), busuk, thathit (pajêg), gêlap

Banowati, golèk, berok.

Buta Ratu, barong, macan.

Baladewa, kagèt, sêmbada, paripêksa, gègèr.

Bambang, padhasih, miling.

--- 2 : 1167 ---

Wayang (dhapur):

1. Katongan, wayang ratu. 2. Liyêpan, wayang alus kang dipanggung, kaya ta: Krêsna, Arjuna, Sêmbadra. 3. Lanyapan, wayang nonoman kang nglangak. 4. Uyi, wayang wadon kang luruh. 5. Èndhèl, wayang wadon kang nglangak. 6. Dugangan, Kurawa, punggawa, buta. enz. 7. Bapang, Burisrawa, Dursasana enz. 8. Dhagêlan, setanan enz. 9. Ricikan, gajah, rata, gêgaman enz.

--- 2 : 1168 ---

Wayang (mata):

1. Kêdhêlèn (ngarêp lancip ing buri bundêr) kaya ta: Baladewa, Sêtyaki enz. 2. Kêdhondhongan, Sangkuni, Petruk enz. 3. Kincêran, Narada, Durna enz. 4. Liyêpan (kaya isi timun), Krêsna, Arjuna, Bambang enz. 5. Thêlêngan (bundêr), Wêrkudara, Gathutkaca enz. 6. Plêlêngan of taluban, buta kobis, buta alasan enz.

--- 2 : 1169 ---

Wayang (bêdhahan mata):

1. Brêbês, suluhan mripat kêdêr. 2. Mayat, driji lan mripat mêmbat. 3. Jahidan, suluhan mripat kagawe jinjit ing buri.

--- 2 : 1170 ---

Wayang:

zie srandu katuranggan

Wayang:

zie srandu kêbo sapi.

Wayang:

zie wuku.

Wayang (padhalangan):

a. Wayang purwa lan gêdhog, kang digawe walulang kêbo, dudu walulang sapi utawa liya-liyane, walulang mau dipênthang nganti garing, yèn wis matêng tarangane banjur dikêrok wulune nganti tipis sarta warata, sarana diwungkal lan diwuluh supaya ilang tancêbing wulu, sarta nganti atus êntèk lêngane, awit yèn kurang garing: lêmbèk, pulase bakal gêlis anglothok.

Sawise rampung pangolahing walulang: banjur dicorèk, iku lagi aran corèking wayang purwa, apa gêdhog, kadadèkake sakêbar utawa rong kêbar, nganggo ngira ômba ciyuting bakal, katimbang karo gêdhe ciliking wayang kang bakal ditatah. Sawise walulang dadi kêbaran, banjur kacorèk nganggo babon apa kang dikarêpake wujuding wayang, kang ginawe nyorèk wali, tumuli ditatah, rupaning gêgaman:

Tatah panatasan gêdhe cilik, Tatah kuku gêdhe cilik ... sarta tatah liya-liyane.

Wali lan pangot.

Pandhokan (piranti natah, kayu gilig dawa gêdhene

[...]Halaman 1171-1181 hilang (teks asli tidak ada). Adapun alih aksara halaman ini diambil dari teks Latin Bauwarna Jilid 2 koleksi Museum Sanabudaya Yogyakarta.

sakaki mubêng dhuwure 1¾ kaki.

Gandhèn cilik tuwin tindhês.

Yèn wis rampung panatahe wis aran wayang, ananging isih aran wayang gêbingan, têgêse sanadyan wis nganggo wanda, iya uga isih aran wayang bakal, awit pancèn durung rampung, tumuli diplimpingi, kang dianggo pangot, utawa wali, iku lagi katon tatahaning wayang alus utawa kasar, rêsik utawa rêgêd, kau utawa luwêsing ukêle, cêkake ala bêciking tatahan yèn wis rampung pamlimpinge, nanging iku wis aran ambabar wayang putihan, mung kari mulas tuwin mrada apadene ngêtrapi gapit lan cêmpurit.

Sawise rampung panggarape plimpingan, nuli wiwit kapulas, pirantine:

1. Dhingklik sacukuping gêdhening wayang, nganggo katutupan srêbèt ambane tikêl karo ambaning dhingklik, ngiras kanggo tutup yèn wayang iku wis dadi pulasan. 2. Piranti kanggo ngêjur ancur lin, utawa ancur lèmpèng. 3. Piranti anggêrus balung bakaran, utawa gêrusan pulas, atal, gincu sapanunggalane. 4. Piranti wadhah banyu lôndha jangkang kanggo nglorod walulang tuwin anglorod pulas. 5. Plirit, utawa èblèk, piranti ngrumati wayang sadurunge rampung pamulase, supaya ora nglinthing sarta ora ngowahake gêmpuraning tatahan. 6. Panuli rupa-rupa.

Nuli wiwit andhasari putih saka gêrusan balung kalawan ancur, banjur diawak-awaki, kang pancèn panggonan pulas irêng: iya irêng, kang bakal panggonan gêmblèngan prada: didhasari atal, banjur marna dhapuring lung-lungan, apa bakal wujuding pulas dadine: warna-warna, tumuli dipêpêsi, iya iku pamisahing pulas pamarnane sawiji-wiji, tumuli dicawi kapulas tuwin kaprada, tumuli diulat-ulati, banjur didus ing ancur aran dibakar.

Dene bênêre kang aran wayang gêmblèngan iku kabèh wayang kang diprada awak tuwin paraupane.

Barêng wis ambabar pamulase, wayang banjur diwadhahi ing kothak cilik dhisik, durung digapit lan dicêmpuriti.

b. Wayang madya yasane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Harya Mangkunagara IV. iku iya wayang walulang padha karo letl. a. bov.

c. Wayang kalithik utawa golèk purwa, bakale kayu, iras satancêbane, mung tanganane kasopak ing walulang kêbo kayadene wayang purwa.

d. Wayang bèbèr iku mung kagambar ana ing daluwang panaraga bae, saiki wis ora kalaku, mung ing tanah Gunung Kidul, desa Gêlaran Wêdhi, dhistrik lan Kabupatèn Wanasari (Ngayogyakarta) isih ana turuning dhalang bèbèr aran: Gunakarya, isih nglakokake wayang bèbèr nanging mung kanggo pakaulan bae.

Wayang purwa salakon iku ana têlung golongan gêdhe.

1. Golongan wayang panggungan, utawa sumpingan, dene panggungan lan sumpingan mau ana warna têlu: a. Panggungan têngên, wayange pangkat têlu, katongan putran lan putrèn. b. Panggungan kiwa wayange iya pangkat têlu, katongan, putran lan klunyat.

2. Golongan wayang dugangan, ana warna têlu, patih, punggawa lan Jawata.

3. Golongan wayang ricikan, iya ana warna têlu, parêkan, parpat, (panakawan, cantrik, endhang sarta pandhita) kayon (= prampogan, gajah, warak, jaran, manuk, gagaman sarta sarupaning dhagêlan).

4. Wayang salakon mau ana limang golongan, liyêpan, lanyapan, panthêlêngan, gusèn sarta gusèn tanggung.

Wayangan (layangan) Kw.:

luyana, payana, mayangga, graya

Wayang kadipatèn:

zie M.N.II. (Kroon Prins).

Wayang-wuyungan:

' = bilulungan.

Wayang wong I:

Anane wayang wong yasane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I. (Sambêr Nyawa) nalika taun 1700 zie M.N. I.

Wayang wong II:

Anane wayang wong kang kaping pindho, yasane nyonyah Walônda ing loji wetan, zie Pr. Wed. letl. b.

Wayang purwa:

Kang yasa wayang purwa Prabu JabayaJayabaya. ing Mamênang, sinangkalan: pandhita gunaning sarira (837).

Wayang purwa (rai methok):

Sajumênênge Prabu Jayabaya ing Mamênang, nuju taun 861 karsa amurwani gambaring para lêluhure, kang minôngka babone: arca, mulane wayang iku jalu wanodya padha tindhik, sairib kaya wong Indhu, mangkono uga prabot panganggone, kang ginawe dhisik: Bathara Guru, banjur para dewa, para widadari, sapiturute, barêng wis rampung ingaran wayang purwa.

Mulane ingaran: mangkono, dene wiwit anggambar kang wis ora ana wujude, sinangkalan: gambaring wayang wolu = 861.

Wayang purwa (rai miring):

Sabêdhahe nagara Majapait, nalika taun 1433, wayang bèbèr dalah gamêlane kagawa marang ing Dêmak, Radèn Patah bangêt kacaryan marang caritaning wayang purwa, sarta sêngsêm marang rasaning karawitan, banjur anênuwun marang para wali bisane lêstari wayang purwa dadia kalangênaning para nata ing tanah Jawa, môngka gambaring wayang bèbèr sarta unining gamêlan kacêgah ing agama Islam, para wali banjur pakumpulan, wayange bèbèr mau kaanggit disalini kapisah-pisah siji-siji, kawangun miring, tangan iras têkan ing dhêngkul, kang ginawe bakal walulang kêbo, ginawe tipis sarta nganggo didhasari putih saka gêrusan balung sarana diancur.

Sinuhun Bonang nganggit kothak sarta panggungan kayu nganggo dibolongi.

Sinuhun Ngampèldênta nganggit jêjêring lakon.

Sinuhun Giri amuwuhi wilahaning gamêlan salendro sawilah, supaya gèsèh karo unine gamêlan salendro kang dianggo wong Kapir ing jaman Majapait.

Sinuhun Kalijaga nganggit tancêbaning wayang ing paseban: gadêbog, sarta nganggit kêlir karo balencong kanggo mayang ing wayah bêngi, apadene nganggit kayon (= gunungan) ing jaba cinorèk kayu lung-lungan, ing jêro pulas abang, dipasang têngahing kêlir pênêr balencong, iya iku kang dadi sangkala, gêni dadi sucining jagad = 1443.

Wayang purwa Lokapala:

zie M.N.III. (= P.B.V.).

Wayang purwa Maèspati:

zie M.N.III. (= P.B.V.).

Wayang purwa Ngalêngka:

zie M.N.III. (= P.B.V.).

Wayang purwa (padhalangan):

zie Kapitan Cina.

Wayang purwa (jujutan):

zie M.N.II. ( = P.B.IV. ).

Wugu:

zie wuku.

Wagal:

wangsalan Tjent. groboh ing kardi, olèh dening agal

Wêkang sulanjari:Wêgang Sulanjani.

laku 23 (5.6.6.6.) ping 4 kancuh kuswalalita en astakusala.

Wang:

1. Tj.B. niet., 2. zie kêbo sapi.

Wêng:

Tj.B. niet.

Wing:

Tj.B. niet.

Wung:

Tj.B. niet.

Wèng:

Tj.B. niet.

Wong:

1. Tj.B. niet., 2. Kw. nara, tiyang, wyajana, wang, wwang, wanggana, janma, jalma, amungsa, manusya, manuja, manungsa.

Wungu:

wangsalan Tjent. panggugahing Mantri olèh dening: mungu K.I.

Wonga rumpuk:

wangsalan Tjent. janma sungsun, olèh dening: tumpuk.

Wongaraga:

wangsalan Tjent.. janma Mantri ?

Wungkus:

1. Bayi lair bungkus P.R. I. 197 (8). 2. Nguculi wungkuwan ora ingulapan bitinge dhisik, banjur dèn suwèk bae, iku ora ilok, dadi pangane Batara Kala.

Wungkul:

1. Wungkul cilik mula. P.R.I. 197 (33). 2. Bayi lair tanpa ari-ari P.R.I. 197 (9).

Wangkong:

1. zie srandu katuranggan. 2. zie srandu kambil karajan. 3. zie srandu kêbo sapi.

Wêngkang:

zie (dhatu) (15).

Wonga tali

Wangsalan:

Tjent.. kêtambang = katalenan of kêtalèn.

Wôngsaguna:

zie gend.

Wong wadon mêtêng:

1. Ngêngandhut of anggêgembol. 2. Linggih ing tampah, 3. Linggih ing lumpang ... dadi pangane Bathara Kala.

Wungle:

Bocah bule P.R.I. 197 (31).