Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Bauwarna Jilid III

(pa dha ja ya nya)

--- 3 : 1250 ---

Pa:

1. pa, aksara lambe zie wang

2. pa, aksara tayasastra zie ta

3. pa, dadi atêr-atêring têmbung lingga, aran: lingga andhahan = substantief bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta: padu, luluhing: paadu, saka: adu, paidopaidon. Grm. R. saka: idu

4. pa neuskl. a. Ana sangarêping rimbag tanduk, aran: kriya wacaka substantief kaya ta: panjaluk, têgêse = olèhe anjalu,anjaluk. hulpwoord. b. Nanging yèn rimbage nyimpang saka ugêring tanduk, kaya ta: panèwu panumping enz, iya isih aran rimbag kriya wacaka, nanging ora atêgês: hulpwoord atêgês zelfstandignwd utawa Bijvoegelijknwd.

5. pa-an. Atêr-atêr pa, ana sangarêping têmbung lingga, olèh panambang: an, aran: daya wacaka, bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta:

petungan, luluhing: paitungan, saka: itung

pocapan, luluhing: paucapan, saka: ucap

paidon, ora: pedon, saka idu

paukuman, ora: pokuman, saka: ukum

--- 3 : 1251 ---

6. pa neuskl an

Atêr-atêr: pa, ana sangarêping rimbag tanduk, olèh panambang: an, aran: karana wacaka, kaya ta:

pangaron, saka: ngaru

pangadilan, saka: ngadili

pangeram-eram, saka: ngeramake

7. [...]Huruf Jawa: Pa murda. palya

a. Dadi tataprunggu, zie Na, kaya ta: Purbanagara. b. Dadi ôngka wolu = Pa

8. pa pincang zie ha, pincang.

9. Pa, pasangan: pa, palya, iya dadi tataprunggu, kaya ta: Pangeran PuraBaya

Pa:

1. Tj.B. pingging, 2. Kw. apa.

Pê Kw.:

rara.

Pi:

1. Tj.B. sunya, 2. Kw. umpêt, 3. atêr-atêr aran: lingga andhahan, substantief tumrap ana sangarêping têmbung lingga, bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta: pidak, saka: piidak, upama saka: pa, muni: pedak saka: paidak, piala enz. 4. pi neuskl pinuju. 5. pi - an, pirêmbagan. 6. pa neuskl an, kapinujon

--- 3 : 1252 ---

Pu:

Tj.B. mandi

Pe:

1. Kw. êpe, 2. wangsalan, Tjent. munggèng panasan, olèh dening iwak pe

Po:

1. Tj.B. pêlêm, 2. Kw. pogot.

Pah:

Tj.B. kangelan

Pêh:

niet

Pih:

niet

Puh Kw.:

repot, sayah, lara, layu, pêrês, putêk

Pèh:

1. Tj.B. pasingsingan, 2. Kw. wiji.

Poh:

niet

Pèi:

' = pèk-i Chineesch. Dj. I. 1907 no 88.

Paarasan:

zie aras.

Paidon (nganggo sanggan):

zie upacara letl. f.

Paidon salaka:

zie upacara letl. f.

Pait:

zie kara.

Paès:

Pangantèn nganggo paès miturut agama Wisnu.

Pahila:

zie wadu

Pahêman:

P.R.I. 172-7 Voorb nuntên wontên cahya ngadêg samadyaning pahêman.

Pahang:

zie wuku

--- 3 : 1253 ---

Pohung:

Ana kang ngarani: katela pohun, saka têmbung Malayu: pohon iku ditandur ana ing patêgalan, utawa ana ing pakêbonan, panandure ing môngsa labuh kapat, lêmah wis rada têlês mangisor, yèn wis pitung sasi kêna kadhudhuk, mung pohung dhewe kang dadi lêliruning rijêki kêna diolah ing sakarêpe sarta kêna dipathi. Pohung duwe aran manèh: katela jendral utawa kaspe.

Pèn:

Wiwite wong nulis nganggo pèn lar, utawa kalam suwa arèn, wis dhèk taun 550 D.K. 1907 no 90.

Panah:

zie kêris.

Panah cilik (jogèd):

Pangajarane titising amanah sarta awas parigêle nampani panah, iku anggitane Panji Inokartapati nalika taun 1125 zie Kartapati letl. b

Panah gêdhe:

(id) id

Panah salakon:

zie upacara letl. f

--- 3 : 1254 ---

Panah Kw.:

hru, hisu, kassa, katana, tomara, sanjata, sarawana, sayaka, warastra, warayang, jêmparing, margana, bana.

Panandhon:

zie abdi dalêm panandhon en tandhu.

Panonthong:

araning ricikane gamêlan Kyai Mardyangga = Carabalèn.

Pinarak (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris pinarak: bênêr, kaya pêdhang suduk, nganggo sogokan sarta gandhike dawa.

Panêkar (waduaji):

Iku bumi tanah Pajang kang wetan, kabubuhan nyôngga bêras pari sapanunggalane zie panumping.

Panêkar:

pangeran ... zie K.G. 28.

Panèkêd:

(id) kagawa saka lungguhe 50 karya utawa 12 1/8 jung, kuwajibane dadi sor-soraning panatus, iya ngêrèhake palaku utusaning nagara.

Pènèk:

Wong mènèk ing wayah têngange, wong mènèk bola-bali dadi pangane Bathara Kala.

Panatu:

zie sor en tukang ngêmbang en dadi abdi dalêm wadon no. 35.

Paniti:

zie dêmung.

Panatah:

zie abdi dalêm kêmasan letl. c. Kadipatèn letl. o. Panatah iku gêgamane mung tatah lan pêthik, nanging tatahe akèh sarta rupa-rupa: apangkat têlu, gêdhe cilik lan sêdhêng, landhêp kêthul lan sêdhêng, kaya ta:

Panucuh:

lancip.

Pamudul:

van wudul, kêthul bundêr.

Pamalêr:

gèpèng kêncêng.

Pamlaku:

gèpèng ing bongkot sawatara.

Pangrêmbak:

landhêp cacah gori.

Panguku:

Panggarit:

gilig bundêr.

Pêthik:

Kandêl tipis, gêdhe cilik lan sêdhêng.

1. Tatah landhêp tumrap marang tatahan cawèn, nganggo pêthik cilik sarta nganggo jabung atos. 2. Tatah kêthul tumrap marang tatahan wudulan, nganggo pêthik gêdhe sarta nganggo jabung nyêmlèk. 3. Tatah sêdhêng tumrap marang tatahan jêro, nganggo pêthik sêdhêng sarta nganggo jabung lêmês. Beda-bedaning jabung zie jabung.

--- 3 : 1255 ---

Tukang panatah wayang purwa dhèk jaman Kartasura akir tumêka jaman Surakarta awal: Cêrmadôngsa, Cêrmatruna, Cêrmapangrawit, Cêrmajaya, Sêcawijaya (panyorèk) lan Gôndapangrawit.

Panitih:

nyai agêng ... zie Dêmak no 11.

Panitikan (Kuthagêdhe):

Pasarean. 1. Kangjêng Ratu Pakubuwana garwa dalêm P.B.I., 2. P. Balatèr ingkang rama no. 1., 3. P. Balatèr II.

Panatasan:

zie jungkat.

Panatus:

' = pangratus zie abdi dalêm wadon no. 6.

Panatus (waduaji):

Kagawa saka lungguhe 100 karya utawa 25 jung, kuwajibane anglurahi palaku utusaning nagara.

Paniwèn (kawruh êmpu):

zie kêbo lajêr (3) en zie carita (3). Dhapuring kêris paniwèn luk 9, nganggo kêmbang kacang, lambelambe gajah. loro, sogokan sarta sraweyan.

Pinilih:

zie abdi dalêm kaparak têngên no. 9.

Pinilih:

zie upacara letl. f.

Panêpèn: Adêge dalêm panêpèn, jumênêng dalêm P.B. IV sinangkalan: gapura loro pratapaning ratu (1729).Sengkalan: gapura loro pratapaning ratu (1729 A.J., 1802/03 A.D.).

--- 3 : 1256 ---

Panimbal:

1. Kêris dhapur panimbal luk sanga, nganggo kêmbang kacang, lambe gajah loro, sogokan, sraweyan sarta grènèng. 2. Kêris dhapur panimbal manèh luk sanga, sogokan loro, tanpa kêmbang kacang. 3. Kêris dhapur jaruman, luk têlulas, nganggo paniwèn, tanpa kêmbang kacang, tanpa grènèng. 4. Kêris dhapur sêpokal, luk pitulas, nganggo pejetan, nganggo tikêl alis, tanpa kêmbang kacang. 5. Kêris dhapur sabuk intên, luk têlulas, nganggo sogokan loro, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, nganggo jalèn, gônja ing buri nganggo grènèng. 6. Kêris dhapur mundarang, bênêr, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo ri pandhan. 7. Kêris dhapur buta ijo, luk têlulas, nganggo pejetan sathithik, nganggo tikêl alis, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, sêpang tanpa grènèng. 8. Kêris dhapur anoman, luk lima, nganggo sogokan loro, nganggo tikêl alis, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng, nganggo rôndha nunut. Kêris dhapur pitu (2 t/m 8) ing dhuwur iki yasane Prabu Brawijaya wêkasan, ing Majapait, kang kinon gawe Êmpu Dhomas (sakèhing êmpu tanah Jawa katimbalan kabèh) sinangkalan: ciptaning brahmana kumukus ing rat (1381).

--- 3 : 1257 ---

Panambang:

Panambang iku tumrap ing wanda mênga lan wanda sigêg:

a. Tumrap ing wanda sigêg anglungguhi sêsigêge:

a {nataha, nyakara, madhanga, nulisa

i - natahi, e - tatahe, an - tatahan, ên - tatahên, ake - natahake, na§ na = ên, a voorb: taha yèn tan angèstokêna. - tatahna, ne§ ne = ên, e voorb: takèstokêne. = - taktatahne

b. Tumrap ing wanda mênga:

an, a = na - lêngana

an, i = ni - nglêngananglêngani.

an, e = ne - lêngane

an, an = nan - lênganan

an, ên = nên - lênganên = laranên

an, an, e = - sadawanane

an, an, e, a = - sadawananea

--- 3 : 1258 ---

Panêgar:

zie têgar en zie abdi dalêm gamêl.

Panongsong:

zie abdi dalêm kaparak kiwa têngên no. 14, 2. zie pangrêmbe II, 3. zie kapatihan letl. f.

Panênggak:

nyai agêng ... zie K.L. no.5.

Panênggak:

radèn ajêng ... zie Im.g. no. 147.

Pananggalan:

zie suluk letl. a.

Pananggung:

zie kêmpul.

Panucuh:

zie panatah.

--- 3 : 1259 ---

Pôncaniti:

Kang yasa pôncaniti (= panguntur tangkil) sapisan, nganggo tratag rambat ing pagêlaran, Prabu Wisnupati ing Mêndhangkamulan, sinangkalan: wedha karya uga (443) P.R.II. 198-9 v.o.

Pôncaniti a:

Sri Maharaja Budha (Sang Hyang Guru) ênggone siniwaka, angadili kawula: 1. Ana tanah warata sajroning nagara, angadili manungsa. 2. Ana têngah alas, angadili buron alas, sato kewan. 3. Ana pucak gunung kang dhuwur dhewe, angadili manuk sarta bôngsa ibêr-ibêran. 4. Ana têpining samodra, kang parêk lan sawangan kali bêngawan, angadili mina. 5. Ana sajroning guwa kang urut ana iringing jêjurang, utawa gampèng, angadili diyu raksasa Wisaca-wisaci, iya iku setan dhêmit sapêpadhane. 6. Ana panggonan tanah rancah, kang parêk lan êmbêl-êmbêl, talaga sapêpadhane, angadili kang sarwa gumrêmêt, kang nalosor lan kang nalolor sapêpadhane. Mulane aran pôncaniti, dening kang angadili panjênêngan ratu, patih, brahmana, senapati lan jaksa.

--- 3 : 1260 ---

Pôncaniti b.:

Layang pôncaniti iku adêging karaton saka panjênêngan ratu, patih lan senapati, apadene jaksa, pangulu sarta pujôngga, nanging ananing senapati mung yèn ana gawe pêrang saka pamilihing ratu amèk putra sêntana dalêm, banjur kaadêgake senapati, wiwit adêging karaton ing Mêndhangkamulan tutug ing nagara Surakarta.

Ing jaman kuna: ratu, patih, brahmana sarta pujôngga.

Ing jaman saiki: ratu, patih, jaksa, pangulu sarta pujôngga. Dene ugêre ana panjênêngan nata, kang dhisik nagara ing

I. Mêndhangkamulan

1. Prabu Dewata Cêngkar jumênêng ratu ing Mêndhangkamulan nalika taun 1023 olèh 7 taun. Patih Adipati Gêntang 2 taun. Kagêntenan Adipati Tênggêr 5 taun. Brahmana Rêsi Budha 7 taun. Pujôngga Êmpu Wilasaya 7 taun.

2. Ajisaka jumênêng ratu anggêntèni Prabu Dewata Cêngkar ana nagara Mêndhangkamulan, ajêjuluk Prabu Widayaka, nagara ingêlih aran ing Purwacarita, nalika taun 1030. olèh 14 taun

Patih Brahmana papat: Rêsi Brahandang, Rêsi Braradya, Rêsi Branting sarta, Rêsi Cathakasandi ... 14 taun

Pujôngga isih Êmpu Wilasaya olèh 14 taun

--- 3 : 1261 ---

3. Prabu Suwelacala jumênêng ratu, nalika taun 1044 mung olèh 2 taun, Patih Arya Subrôngta 2 taun, Brahmana papat id. 2 taun, Pujôngga id. 2 taun.

4. Radèn Daniswara jumênêng Ratu ajêjuluk Sri Maha Punggung, nalika taun 1046 olèh 15 taun, Patih Raja Dwitarota 6 taun, kagêntenan Patih Raja Sangkaya 9 taun, Brahmana Rêsi Sumitra 15 taun, Pujôngga id. nanging banjur sumèrèn marang Êmpu Bisama, sumèrèn manèh marang Êmpu Windupaka, dene Êmpu Wilasaya (no. 2 en 3.) isih lêstari tinari- tari ... 15 taun

5. Jaka Kandhuyu jumênêng Ratu Adil ping pindho uga ajêjuluk Prabu Sri Maha Punggung, nalika taun 1061 olèh 23 taun, Patih Raja Gusti Jugulmudha 23 taun, Brahmana Rêsi Mahewa 23 taun, Jaksa Tumênggung Rajaniti 23 taun, Pujôngga Êmpu Madura olèh 23 taun.

6. Kandhiawan jumênêng Ratu ajêjuluk Prabu Jayalêngkara, nalika taun 1084 mung olèh 6 taun

--- 3 : 1262 ---

Patih Raja Kunthara iya Jayasêngara 4 taun, kagêntenan Patih Mandayasraya 2 taun, Brahmana Rêsi Gana 5 taun, Kagêntenan Rêsi Manulagar 1 taun, Jaksa Tumênggung Senapura 6 taun

II. Majapura

7. Prabu Jayalêngkara pindhah saka Mêndhangkamulan marang Majapura, nalika taun 1090 mung olèh 4 taun, Patih Arya Sunjali 2 taun, kagêntenan Brahmana Wiku Rêsi Rombang ngrangkêp kabrahmanan 2 taun, Jaksa Arya Nagara 4 taun, Pujôngga Êmpu Madura (zie 5) 4 taun

8. Prabu Tejangkara jumênêng Ratu, nalika taun 1094 olèh 26 taun, Patih Arya Sunjaya 26 taun, Brahmana id. 26 taun, Jaksa id. 26 taun, Pujôngga id. 26 taun

III. Jênggala

9. Prabu Lêmbu Amiluhur jumênêng ratu, nalika taun 1120 olèh 24 taun, Patih Adipati Kudanawarsa 24 taun, Brahmana Dhanghyang Bujaka 24 taun

--- 3 : 1263 ---

Jaksa Tumênggung Padurêksa 24 taun, Pujôngga Êmpu Wiratna 24 taun

10. Prabu Panji Suryawisesa jumênêng nata nalika taun 1144 olèh 17 taun, Patih jaba Pangeran Tumênggung Sindusena olèh 7 taun, kagêntenan Panji Sinompradapa iya Padmanagara 10 taun, Patih jêro Arya Tanpasiring 17 taun, Brahmana Rêsi Wiratma 17 taun, Jaksa id. 17 taun, Pujôngga Êmpu Madura (no. 8) 17 taun.

11. Radèn Kudalaleyan, jumênêng nata ajêjuluk Prabu Suryaamiluhur, nalika taun 1161 mung olèh 2 taun, Patih Jaba Arya Pêpati 2 taun, Patih Jêro Arya Kapirombang 2 taun, Brahmana id. 2 taun, Jaksa id. 2 taun, Pujôngga id. 2 taun

IV. Pajajaran Sapisan

Sakêlême nagara ing Jênggala, Prabu Suryaamiluhur pindhah marang Pajajaran, sarta salin jêjuluk anama Prabu Maesatandrêman, nalika taun 1163 olèh 20 taun, Patih Adipati Ujungkelang 2 taun

--- 3 : 1264 ---

Kagêntenan Patih Tumênggung Mangkurat 18 taun, Brahmana Rêsi Lingga Hyang 20 taun, Jaksa Tumênggung Nitidarma 20 taun, Pujôngga Êmpu Dilangu 20 taun

12. Prabu Banjaransari jumênêng nata nalika taun 1183 mung olèh 3 taun, Patih id. mung olèh 3 taun, Brahmana id. mung olèh 3 taun, Jaksa id. mung olèh 3 taun, Pujôngga Êmpu Widura, mung olèh 3 taun

V. Galuh

Prabu Banjaransari ngalih kadhaton marang Galuh nalika taun 1186 olèh 20 taun, Patih Adipati Satama, murca karo somahe Nyai Satomi, padha dadi mariyêm, Kyai Satama ana ing Batawi, Nyai Satomi ana ing Surakarta 12 taun. Kagêntenan Patih Arya Jalopang 8 taun, Brahmana Rêsi Tapa 20 taun, Jaksa Tumênggung Nitipraja 20 taun, Pujôngga id. 20 taun

13. Prabu Purbasigala jumênêng nata nalika taun 1206 olèh 18 taun, Patih Adipati Tamsir 18 taun, Brahmana id. 18 taun

--- 3 : 1265 ---

Pujôngga Êmpu Dilangu (zie IV) 18 taun

14. Prabu Dewamantala jumênêng nata nalika taun 1224 mung olèh 5 taun, Patih Tumênggung Ajibarang 5 taun, Brahmana Rêsi Prahiwaka 5 taun, Jaksa Tumênggung Nitipraja 5 taun, Pujôngga id. 5 taun

VI. Pajajaran kang kaping pindho

15. Prabu Mundhingsari jumênêng nata ing Pajajaran nalika taun 1229 olèh 11 taun, Patih Adipati Sangki 11 taun, Brahmana Rêsi Nuluktunggal 11 taun, Jaksa Tumênggung Rajaniti 11 taun, Pujôngga Êmpu Hartati 11 taun

16. Prabu Mundhingwangi jumênêng nata, nalika taun 1240olèh 9 taun, Patih Arya Tanudatra 1 taun, kagêntenan Arya Gêndaradesa 7 taun, Banjur kagêntenan Adipati Suranadi 1 taun, Brahmana Rêsi Kusuktunggal 5 taun, kagêntenan Rêsi Danghyang Salinggana 4 taun, Jaksa Tumênggung Rajaniti 5 taun kagêntenan Tumênggung Jaksanagara 4 taun, Pujôngga id. 9 taun

17. Prabu Sundha Anyakrawati jumênêng nata, nalika taun 1249

--- 3 : 1266 ---

olèh 33 taun, Patih id. 10 taun, Kagêntenan Adipati Sukarta 11 taun, banjur kagêntenan Burasngura iya Adipati Utara Bumi 12 taun, Brahmana Rêsi Cahirasa 33 taun, Jaksa Tumênggung Darmaraja 21 taun kagêntenan Tumênggung Darmayuda 12 taun, Pujôngga id. 33 taun

18. Siyung Wênara jumênêng nata ajêjuluk Sri Maharaja Sêkti, nalika taun 1282 mung olèh 1 taun, Patih Adipati Santang, Brahmana Rêsi Wiruci, Jaksa Tumênggung Paramarta, Pujôngga Êmpu Hartati.

VII. Majapait

19. Radèn Sêsuruh jumênêng nata ing Majapait, ajêjuluk Prabu Brataka, nalika taun 1283 olèh 15 taun, Patih Arya Wahan 15 taun, Brahmana Rêsi Gopa 15 taun, Jaksa Tumênggung Yudanagara 15 taun, Pujôngga id. 15 taun

20. Prabu Brakumara jumênêng nata nalika taun 1298

--- 3 : 1267 ---

mung olèh 2 taun, Patih Tumênggung Ujungsabata 2 taun, Brahmana id. 2 taun, Jaksa id. 2 taun, Pujôngga Êmpu Pararta 2 taun.

21. Prabu Brawijaya I. jumênêng nata nalika taun 1300 olèh 15 taun, Patih Arya Udara 15 taun, Brahmana Ajar Têngguru 15 taun, Jaksa Tumênggung Yudasara 15 taun, Pujôngga id. 15 taun

22. Rêtna Dèwi Subasiti, jumênêng ratu ajêjuluk Ratu Ayu, nalika taun 1315 mung olèh 4 taun, Patih Adipati Logêndèr 3 taun, Kagêntenan Patih Arya Tanggu 1 taun, Brahmana Kyai Lelung 4 taun, Jaksa id. 1 taun kagêntenan Arya Darmaraja 3 taun, Pujôngga id. 4 taun.

23. Prabu Brawijaya II jumênêng nata, nalika taun 1319 olèh 36 taun, Patih Arya Panulahar 18 taun, Kagêntenan Arya Darmawulangun 12 taun, Nuli lowong 6 taun

--- 3 : 1268 ---

(Sajrone lowong mung nganggo têtêngêr gêntha kadokok ing gawar kapasang ing alun-alun, yèn ana wadya kang saos atur, utawa ngaturake prakara, anggoyang gêntha iku, banjur kauningan ing sang nata).

Brahmana Rêsi Supal 36 taun, Jaksa Tumênggung Rajaniti 36 taun, Pujôngga id. 36 taun

24. Prabu Brawijaya III jumênêng nata, nalika taun 1355 olèh 15 taun, Patih Tumênggung Dêmungwular 15 taun, Brahmana id. 15 taun, Jaksa Ngabèi Nitipraja 15 taun, Pujôngga lowong

25. Prabu Brawijaya IV jumênêng nata, nalika taun 1370 mung olèh 4 taun, Patih id. 1 taun

Kagêntenan Adipati Gagakpranala 1 taun, Kagêntenan Adipati Singabarong 1 taun, Kagêntenan Adipati Anda 1 taun, Brahmana id. 1 taun kagêntenan Brahmana Rêsi Danghyang Aliman 3 taun, Jaksa id. 4 taun, Pujôngga Êmpu Pararta 4 taun

26. Prabu Brawijaya V wêkasan jumênêng nata, nalika taun 1374 olèh 65 taun

--- 3 : 1269 ---

Patih id. 11 taun kagêntenan Adipati Gajahmada 54 taun, Brahmana id. 11 taun, Kagêntenan Brahmana Èstu 54 taun, Jaksa Rôngga Têmbe 65 taun, Pujôngga id. 12 taun kagêntenan Êmpu Hartati 53 taun

VIII. Dêmak

27. Radèn Patah jumênêng nata ing Dêmak, ajêjuluk Kangjêng Sultan Sah Ngalam Akbar I Senapati Jimbun, ratu adil kang kaping têlu ing tanah Jawa wiwit agama Islam nalika taun 1439 mung olèh 6 taun, Patih Tumênggung Mangkurat 6 taun, Jaksa Kyai Agêng Wanalapa 6 taun, Wiwit ana Pangulu lirune Brahmana, Pangulu Sunan BonaBonang. 2 taun kagêntenan Kyai Agêng Sampang 2 taun, tanpa Pangulu 2 taun, Pujôngga para wali kabèh 6 taun

28. Pangeran Sabranglor jumênêng nata, ajêjuluk Kangjêng Sultan Sah Ngalam Akbar II nalika taun 1445 mung olèh 2 taun, Patih id. 2 taun, Jaksa ngiras Pangulu Sunan Kudus 2 taun, Pujôngga id. 2 taun

--- 3 : 1270 ---

29. Radèn Trênggana jumênêng nata ajêjuluk Kangjêng Sultan Sah Ngalam Akbar III nalika taun 1447 olèh 33 taun, Patih id. 11 taun kagêntenan Adipati Wanasalam 22 taun, Jaksa ngiras Pangulu id. 33 taun, Pujôngga id. 33 taun

30. Ratu Tunggal ing Giri makili karaton ing Demak, nalika taun 1480 olèh 23 taun, tanpa patih, tanpa Jaksa, tanpa Pujôngga, mung Pangulu isih Sunan Kudus 23 taun

IX. Pajang

31. Mas Karèbèt iya Radèn Jaka Tingkir jumênêng sultan ing Pajang, ajêjuluk Kangjêng Sultan Adiawijaya,Adiwijaya. nalika taun 1503 olèh 33 taun, Patih Adipati Môncanagara 33 taun, Jaksa Tumênggung Yudanagara 33 taun, Pangulu Pangeran Imam Pêkih 22 taun, kagêntenan Pangeran Kalipodhang 8 taun, kagêntenan Ki Kamallodin, wong saka ing desa Kêmiri 3 taun

--- 3 : 1271 ---

Pujôngga id. 9 taun, Kagêntenan Pangeran Karanggayam 24 taun

32. Pangeran Madepandhan jumênêng Sultan ing Pajang, sarta ing Pajang sinalinan aran ing Ngawantipura, nanging ora bisa karan nalika taun 1536 mung olèh 3 taun, Patih Adipati Ngawôngga 3 taun, Jaksa id. 3 taun, Pangulu Pangeran Pôncawati 3 taun, Pujôngga id. 3 taun

33. Pangeran Bênawa jumênêng Sultan ing Pajang, ajêjuluk Susuhunan Prabu Wijaya nalika taun 1539 mung olèh sataun, Patih Tumênggung Gagakbahni, Jaksa id. Pangulu Kyai Imam Ngabduljalit, Pujôngga id.

X. Mataram

34. Radèn Bagus Danar, iya Radèn Bagus Srubut, iya Radèn Bagus Dananjaya, iya Radèn Ngabèi Saloring Pasar, iya Risang Sutawijaya jumênêng ing Mataram, ajêjuluk Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, nalika taun 1540-1618-9 olèh 13 taun, Patih Adipati Môndaraka 13 taun, Jaksa id. 2 taun, kagêntenan Kyai Juru Wirapraba 10 taun, kagêntenan Kyai Juru Kithing Nataningrat 1 taun

--- 3 : 1272 ---

...Hal. 1272, 1273 kosong.

--- 3 : 1274 ---

Pangulu Kyai Gêdhe Wanasaba 13 taun, Pujôngga Tumênggung Jayaprana 13 taun.

35. Radèn Mas Jolang, iya Kangjêng Gusti Adipati Anom, ing Mataram, jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Adi Prabu Anyakrawati Senapati Ngalaga Mataram, nalika taun 1553-1631-2 olèh 12 taun, Patih id. 8 taun, kagêntenan Pangeran Manduranagara sarta kaganjar aran nunggaksêmi Adipati Môndaraka 4 taun, Jaksa Kyai Juru Kithing Nataningrat 12 taun, Pangulu id 8 taun, kagêntenan Kyai Agêng Wanantara 4 taun, Pujôngga id 12 taun

36. Radèn Mas Jêtmika, iya Pangeran Rangsang, iya Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing Mataram, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama nalika taun 1565-1643-4 olèh 15 taun, Patih jaba id 9 taun, Patih jêro Tumênggung Singaranu 6 taun. Salèrène Patih jaba Adipati Môndaraka, kagêntenan patih jêro Tumênggung Singaranu, dadi jaba jêro olèh 9 taun,

--- 3 : 1275 ---

Jaksa id 6 taun, kagêntenan Kyai Ngabèi Sutamarta 9 taun, Pangulu id 2 taun, kagêntenan Pangeran Kabèh 2 taun, kagêntenan Pangulu Serang 2 taun, kagêntenan Kyai Amad Patekan 9 taun, Pujôngga Tumênggung Sujanapura 15 taun.

37. Radèn Mas Sayidin, pêparab Radèn Mas Jibus, iya Radèn Mas Rangkèh, nama Pangeran Arya Mataram, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, (seda sumare ing Têgalarum) jumênênge nalika taun 1578-1655-6 olèh 22 taun, Patih id 1 taun, Kagêntenan Adipati Wirarêja 21 taun, Jaksa Ngabèi Sarawadi 10 taun, banjur kaingsêr dadi pujangganing wadana carik, ngêrèhake kaliwon carik lima olèh 12 taun, Kajaksane kagêntenan Kyai Ngabèi Pandam 12 taun, Pangulu id 21 taun, kagêntenan Kyai Bodhèh 1 taun

38. Ingkang Sinuhun Ngalaga (Pugêr) = P.B.I. jumênêng ana ing Mataram nalika taun 1600-1677-8 mung olèh sataun,

--- 3 : 1276 ---

Patih Adipati Gajah Pramada, Jaksa id.,Pangulu Kawal banjur kagêntenan Pangulu Dipaningrat, Pujôngga Ngabèi Saralathi.

XI. Kartasura

39. Radèn Mas Rahmat, pêparab Radèn Mas Kuning iya Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing Mataram, barêng jumênêng nata ana ing Kartasura ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat nalika taun 1601-1678-9 olèh 26 taun, Patih Adipati Môndaraka 1 taun, kagêntenan Arya Nrangkusuma 7 taun, kagêntenan Arya Sindurêja 16 taun, kagêntenan Adipati Sumabrata 2 taun, Nganggo patih jêro Tumênggung Wiraguna 2 taun, Jaksa Ngabèi Sêndhi 26 taun, Pangulu Tapsiranom 26 taun, Pujôngga Ngabèi Wirasastra 26 taun

40. Radèn Mas Sena, iya Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing Kartasura, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas nalika taun 1627 mung olèh 3 taun, Patih id 3 taun, Jaksa Arya Urawan 3 taun, Pangulu Kyai Tangkilan 2 taun,

--- 3 : 1277 ---

Kagêntenan Pangulu Mubin 1 taun, Pujôngga id 3 taun.

41. Radèn Mas Darajad, nama Pangeran Adipati Pugêr, jumênêng nata ana ing Mataram, ajêjuluk Sinuhun Ngalaga (38) barêng ingkang raka (39) jumênêng nata ana ing Kartasura, Sinuhun Ngalaga kalungsur, wusana jumênêng nata manèh ana ing Kartasura, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kapisan nalika taun 1630 olèh 13 taun, Patih Adipati Cakrajaya 13 taun, Jaksa Ngabèi Pranantaka 1 taun, kagêntenan Dêmang Urawan 12 taun, Pangulu Adiningrat 13 taun, Pujôngga loro, Kyai Kalipah Buyut, sarta Rôngga Janur 13 taun

42. Radèn Mas Surya, nama Radèn Suryaputra, banjur dilih marang kang raka ipe (40) nama Wôngsataruna, sajumênênge kang rama banjur nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Jawa, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatullah, nalika taun 1642-1717-8 olèh 9 taun

Patih id. ngalih aran Adipati Danurêja olèh 9 taun,

--- 3 : 1278 ---

Jaksa id 9 taun, Pangulu id 2 taun, kagêntenan Pangulu Dipaningrat 7 taun, Pujôngga mung kari siji Rôngga Janur 9 taun

43. Radèn Mas Sandi, pêparab Radèn Mas Prabayasa, nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.II. nalika taun 1651-1726-7 olèh 16 taun, Patih id 4 taun, kagêntenan Adipati Natakusuma 8 taun, kagêntenan Tumênggung Wirarêja 4 taun, Jaksa id 6 taun, kagêntenan Kyai Gambuh saka Kêdhunggudèl 10 taun, Pangulu id 5 taun, kagêntenan Pangulu Godhong 11 taun, Pujôngga Tumênggung Tirtawiguna 16 taun

44. Radèn Mas Garêndi, jumênêng ratu saka pangangkate bôngsa Cina, ajêjuluk Sinuhun Mangkurat Prabu Kuning: nalika taun 1667-1742-3 mung olèh sataun, Patih Tumênggung Mangunonêng aran Adipati Pathi, Jaksa id. Pangulu Patih Ibrahim, Pujôngga id.

--- 3 : 1279 ---

(-) Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.II. kondur saka Panaraga jumênêng ing Kartasura manèh nalika ing taun 1668-1743-4 olèh 2 taun, Patih jaba Adipati Pringgalaya 2 taun, Patih jêro Adipati Sindurêja 2 taun, Jaksa, Pangulu, Pujôngga, id (43) a 2 taun.

XII. Surakarta

(-). Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.II. pindhah kadhaton ing Surakarta nalika taun 1670-1745-6 olèh 5 taun, Patih jaba jêro id a 5 taun, Jaksa id 5 taun, Pangulu Pêkih Ibrahim 1 taun, kagêntenan Pangulu Anom Tapsir 2 taun, kagêntenan Pangulu Amad Tahar 2 taun, Pujôngga id 5 taun

45. Radèn Mas Gusti Suryadi, pêparab Radèn Mas Surat, iya Urèt, tuwin Sêmbada, nama Radèn Mas Gusti Suryakusuma, banjur nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.III. (Suwarga) nalika taun 1675-1750-1 olèh 39 taun,

--- 3 : 1280 ---

Patih Adipati Pringgalaya 8 taun, kagêntenan Adipati Mangkupraja (Andong) 12 taun, kagêntenan Adipati Sasradiningrat (Batawi) 13 taun, kagêntenan Adipati Sindurêja 2 taun, kagêntenan Adipati Jayaningrat 4 taun, Jaksa Kyai Ngabèi Natayuda 39 taun, Pangulu Jakariya 39 taun, Pujôngga papat, Pangeran Wijil ing Kadilangu, Pangeran Anèh, Sastrawijaya sarta Ngabèi Yasadipura a 39 taun.

46. Radèn Mas Gusti Sumadya, nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipadi Anom, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.IV. (Bagus) nalika taun 1714-1787-8 olèh 33 taun, Patih id 8 taun, kagêntenan Adipati Mangkupraja (ayah) 8 taun, kagêntenan Adipati Danuningrat 6 taun, kagêntenan Adipati Cakranagara 6 taun, kagêntenan Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat (Ngimagiri) iku wiwite panjênêngan Patih olèh sêsêbutan: Kangjêng 5 taun, Jaksa Tumênggung Irawan, salin aran: Tumênggung Amongpraja I 33 taun, kagêntenan Pangulu Tapsiranom 15 taun, kagêntenan Pangulu Martalaya 18 taun, Pujôngga Ngabèi Yasadipura I 15 taun, kagêntenan Ngabèi Yasadipura II 18 taun

--- 3 : 1281 ---

47. Radèn Mas Gusti Sugandi, nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.V (Sugih) nalika taun 1747-1820-1 mung olèh 4 taun

Patih, Jaksa, Pangulu, Pujôngga ... id. a. 4 taun

48. Radèn Mas Sapardan, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VI (Ambangun Tapa) nalika taun 1751- mung olèh 6 taun, Patih id 6 taun, Jaksa id 6 taun, Pujôngga id. salin aran Tumênggung Sastranagara 6 taun.

49. Radèn Mas Gusti Malikis Salikin, nama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Purbaya (putra P.B.IV.) jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.VII. nalika taun 1757-1830-1. olèh 29 taun, Patih id 18 taun, kagêntenan Adipati Sasradiningrat (Jabung) 11 taun, Jaksa id 1 taun, kagêntenan R.T. Amongpraja II 15 taun, kawakilan R.Ng. Jayahendra 1 taun, kagêntenan M.Ng. Jagapraja En Dem. Urawan 5 taun,

--- 3 : 1282 ---

kagêntenan R.T. Amongpraja III, En R.Ng. Wirayuda 6 taun, Pangulu id 2 taun, kagêntenan Pangulu Dipaningrat 7 taun, kagêntenan Pangulu Tapsiranom (Sumêmi) 7 taun, kagêntenan Pangulu Tapsiranom (Amad Muslim) 5 taun, kagêntenan Pangulu Tapsiranom 8 taun, Pujôngga id 15 taun, kagêntenan R.Ng. Rônggawarsita 14 taun.

50. Radèn Mas Kusèn, nama Kangjêng Pangeran Angabèi, jinunjung dening ingkang rayi P.B. VII nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi (putra P.B. IV) barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VIII (Ngabèi) nalika taun 1786-1858-9 mung olèh 4 taun, Patih id 4 taun, Jaksa id 1 taun,

Kagêntenan R.T. Amongpraja (Kêndhuruwan), En R.Ng. Yudadipraja ... 3 taun, Pangulu id. 4 taun, Pujôngga id. 4 taun

51. Radèn Mas Duksina nama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, sasurud Dalêm P.B. VII banjur nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, barêng sasurud Dalêm P.B. VIII banjur jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX (Prabu Wijaya) nalika taun 1790-1861-2,

--- 3 : 1283 ---

olèh 32 taun, Patih id 4 taun, Kagêntenan K.R.A. Sasranagara (Manang) 22 taun, kagêntenan Rms. A. Mangunkusuma 3 taun, kagêntenan Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat 3 taun, Jaksa id. 1 taun, kagêntenan R.T. Kartanagara (Gagatan) 2 taun, kagêntenan R.T. Jaksanagara (Rajaniti) 19 taun, kasusulan Kaliwon R.Ng. Mangunpradata, kasusulan Kaliwon R.Ng. Yasapradata, Pangulu id. 25 taun, kagêntenan R.T. Tapsiranom 7 taun, Pujôngga id. 14 taun, banjur sêpi pujôngga.

52. Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna, nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, barêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.X. nalika taun 1822-1893-4 olèh taun, Patih id, Jaksa R.T. Jaksanagara (Kaliyasa), En. R.Ng. Yasapradata, banjur R.Ng. Sasrapradata, Pangulu id., Pujôngga sêpi.

Pancuran:

zie Img. no. 92.

Pancuran kaapit sêndhang:

sadulur wadon loro, lanang siji ana ing têngah P.R.I. 196.

Pancaka:

(= panggung panguripan) zie P.J.

Pôncakali:

Ciri pôncakali, jaran pancal sikile têlu, iku luwih prayoga, dadi titihane panjênêngan ratu, kagêm mangsah ing paprangan, yèn dadi tunggangane wong cilik, nêmu slamêt, yèn kanggo mangsah prang ora kêna ing gêgaman, mungsuhe padha wêdi asih.

Pancad:

Pancadan zie srandu katuranggan.

--- 3 : 1284 ---

Pôncadriya:

Sambawaning budi kasêmbadan. Lêpasing pangrasa. Awasing paningal. Atasing pamiyarsa. Putusing panggônda. Patitising pamicara.

Pôncadriya:

1. Pandêlêng, a. Wêruh: mêmêruh, mêruhi, mêruhake, kawruhan, pangawruh. b. Dêlêng: andêlêng, andêlêngake, dêdêlêngan, pandêlêng. c. Uning Kw: konangan = kadêngangan, uninga, nguningani, nguningakake.

2. Pangrungu: rungu, ngrungu, ngrungoni, ngrungokake, rungon, rungonên, kêprungon, pangrungu.

3. Pangambu: ambu, ambon gew. ambon-ambon,

--- 3 : 1285 ---

ngambu, ngamboni, ngambokake, kambon.

4. Pangucap. a. Clathu: nylathoni, nylathokake, paclathon. b. Catur: nyatur, caturan. c. Wicara: micara. d. Tutur: tutur-tutur, nuturi, nuturake. e. Beja: ambejani. f. Kôndha: kôndha-kôndha, kakandhan, ngandhani, ngandhakake. g. Carita: nyaritani, nyaritakake. h. Gunêm: gunêman, gêgunêman, riwusing gunêm. i. Wadul: wêwadul, madulake

--- 3 : 1286 ---

5. Pangrasa: rasa, rasa-rasa, rêrasan, ngrasa, ngrasani, ngrasakake, krasan, pangrasa.

--- 3 : 1287 ---

Kang aran pôncadriya iki tumindaking angên-angên saka obahing barang limang prakara kang ora tau tumindak barêng, kaya ta: pandêlêng (mata), pangrungu (kuping), pangambu (irung), pangrasa (ati), rasa (ilat).

a. Mata iku rupane bundêr, katutupan kulit putih awêning, sangarêping bundêran mau ana kang ngaling-alingi iya rupa bundêr, lapising kulit bêning. Perangane mêngkene: 1. Perangan kang ngaling-alingi bundêran. 2. Perangan kang ngobahake bundêran. 3. Perangan kang mèmpêr bundêran. 4. Perangan pangrasaning rai.

Perangan sapisan, iya iku alis, sarta tlapukan kang mawa luh. Perangan kaping pindho otot mripat.

Dene peranganing bundêran:

a. Gardhèning mripat cacah 3. b. Wujud têngah mripat 3 ... kang bisa mêcah pêpadhang (sorot).

Gardhèning mripat kang jaba dhewe aran: kêndhangan mripat, rupane putih ora sêmrawang, ananging perangan kang ngarêp dhewe: sêmrawang, aran bundêran linapis ing kulit atos bêning, saburine ana manèh kulit tipis, arane ing têmbung Walônda: iris, iris iku rupane ana kang biru, ana kang abang tuwa utawa klawus, ing têngah bolong, bolongan iku kêna diambakdiambakake. utawa diciyutake, arane: manik, saburining manik ana barang sarupa kaca kanggo anggêdhèkake pandêlêng arane ing têmbung Walônda: lènês lens ing burine manèh ana barang cuwèr bêning kaya kaca wusana ing buri dhewe ana otote alus kang saka ing utêk, dene pucuking otot kaya jala kalapis ing

--- 3 : 1288 ---

kêndhangan alus, ing kono ana rêrupan kang awujud irêng, mulane manik iku dadi katon: irêng.

Tlapukan iku bisa andadèkake kêdhèping mata. Idêp kanggo anjaga supaya mata ora kalêbon rêrêgêd. Alis kanggo nyuda soroting srêngesrêngenge. kang ngênani mata. Banyu maripat (luh) kanggo nglêmêsake kêdhèping tlapukan.

Mripat wong iku kaawasane ora padha, wong kang mripate bêcik bisa andêlêng cêtha antarane saka maripat 30 utawa 35 sènti mètêr, ana uga kang luwih saka 35 sènti metêr.

b. Kuping iku piranti angrungokake apa-apa, ana rong perangan, iya iku kuping karo pisan dalah pirantine kang ana ing jêro, ing kono ana kêndhangane tipis akiyat, yèn ana swara katut ing hawa nampêg marang kêndhangan mau: banjur gêtêr kaya tambur, katampan ing otot alus munggah marang utêk.

c. Irung iku gawene rong prakara, kanggo ambêkan lan kanggo anggêgônda, yèn ana gônda kasabêt ing hawa malêbu ing irung banjur katampan ing otot alus munggah marang utêk, irung banjur duwe rasa ambuning apa.

d. Yèn awak kacocog apa-apa utawa sikil kêsandhung ing watu, amêsthi krasa lara, dene rasa iku anyrambahi awak sakojur. Lan manèh yèn wong anggrayangi utawa nyêkêl apa-apa, kaya ta: barang kang adhêm utawa panas, tuwin kang êmpuk, utawa atos, amêsthi banjur sumurup apa kang digrayang utawa dicêkêl mau dening kagawa ing otot alus kang munggah marang ing utêk, panggrayang iku bêcik dhewe dumunung ana pucuking dariji.

e. Wong bisa ambedakake rasaning pangan kang enak, utawa kang ora iku saka ing ilat, katampan ing otot alus kang banjur munggah marang ing utêk. Lumrahe pangan kang enak mau, ambune iya enak, mulane saupama wong mêmangan kang enak, nanging irunge dipithês, supaya ora bisa ngambu, amêsthi tanpa rasa, utawa padha bae karo kang ora enak zie S.D. 1834-blz. 126.

--- 3 : 1289 - --

Pôncasura panggah:

zie êndêm.

Pôncasuda I:

Pôncasuda iku nêptuning dina pasaran kakumpulake dadi siji, kabuwang pitu utawa pitu-pitu, nanging nêptuning dina kang lêlima: owah, ana kang winuwuhan, ana kang sinuda, sarèhning owah lima mulane ingaran: pôncasuda kanggo metung bêgja cilakaning wong lêlungan, utawa wong duwe gawe sapêpadhane pratelane kaya ing ngisor iki:

Dina

Ngahad nêptu 5 wuwuh 1 dadi 6.

Sênèn nêptu 4 lêstari = 4

Slasa nêptu 3 lêstari = 3

Rêbo nêptu 7 suda 1 kari 6

Kêmis nêptu 8 suda 3 kari 5

Jumungah nêptu 6 wuwuh 1 dadi 7

Sêtu nêptu 9 suda 1 kari 8

Pasaran.

Kaliwon nêptu 8, Lêgi nêptu 5, Paing nêptu 9, Pon nêptu 7, Wage nêptu 4 ... lêstari ora owah.

Yèn kari

1. Wasesa sêgara, angsare bisa golèk sandhang pangan, mupangate golèk pagawean bêcik, lan ngadêgake

--- 3 : 1290 ---

priyayi: kukuh. Watêke jêmbar budine, rosa karêpe, sarta rêsikan, anggêgurua samubarang kagunan sarta ngadêgake omah: bêcik.

2. Tunggak sêmi, angsare bagus amawa cahya, sungkan marang kasugihan, mupangate ngadêgake priyayi lan nandur kitri:bêcik, watêke isinan.

3. Satriya wibawa, angsare rosa budine, sungkan marang kasugihan, mupangate gawe pandhapa: bêcik, watêke sasolah bawane mung kudu utama.

4. Sumur sinaba, angsare akèh dorane, nanging padhangan atèn, mupangate anggêgurua piwulang gêlis bisa, lan gawe sumur akèh banyune, adhêm rasane. Watêke juwèh sarta robos.boros.

5. Satriya wirang, angsare kawirangan lan kaisinan. Mupangate aja sok malèhake wadining liyan, mundhak kajodhèran wadine dhewe. Watêke isinan sarta nistha, dhêmên mirangake wong kang wus dosa bêkuku ?

6. Bumi kapêtak, angsare bodho nanging antêpan, mupangate ngadêgake panggêdhening desa: bêcik, lêlungan iya bêcik. Watêke pêtêngan atèn.

7. Lêbu katiyub ngangin, angsare bablas kang dikarêpake, lan bablas parane. Mupangate ngrêsiki sumur gêlis rampung. Watêke kêsusu sabarang gawe.

Ringkêsane kaya ing ngisor iki:

--- 3 : 1291 -- -

1. Wasesa sêgara: sêdhêng.

2. Tunggak sêmi, 3. Satriya wibawa: ... bêcik.

4. Sumur sinaba: sêdhêng.

5. Satriya wirang, 6. Bumi kapêtak, 7. Lêbu katiyub ngangin ... ala§ Isarat.

Yèn wong arêp lêlungan kang ora kêna sinarèhake, utawa arêp duwe gawe kang ora kêna ingundur lan ingajokake apadene anglakoni ayahaning nagara kang kudu nêrak tibaning dina ala, iku prayoga mawa isarat, kaya ta:

5. Satriya wirang, mêtokake gêtih.

6. Bumi kapêtak, apèk lêmah pinêndhêm.

7. Lêbu katiyub ngangin, ngawud-awud lêbu ing latar.

Pôncasuda II:

Ing ngisor iki pôncasuda, nêptuning dina pasaran ora owah kinumpulake dadi siji sarta banjur binuwang pitu utawa pitu-pitu, yèn tinêmuning petung tiba ala, kêna binuwang sapuluh yèn turahing petung kari pitu sapangisor, nanging yèn luwih saka pitu ora kêna binuwang sapuluh, mung kudu binuwang pitu-pitu bae, kaya ta: wong duwe wêton Sêtu Paing kêtêmu 18, ora kêna binuwang sapuluh, awit kakèrène isih 8 dadi mung kudu binuwang pitu- pitu,

--- 3 : 1292 ---

yèn tibaning petung kari

1. Wasesa sêgara: sêdhêng.

2. Tunggak sêmi, 3. Satriya wibawa: ... bêcik.

4. Sumur sinaba: sêdhêng.

5. Satriya wirang, 6. Bumi kapêtak, 7. Lêbu katiyub ngangin ... ala.

Pôncasuda III:

Ing ngisor iki pôncasuda nêptuning dina pasaran kaurutake sarta dina kang ginawe tuwa: Jumungah, pasaran isih lêstari, Kliwon, iya kanggo pamilihing dina pasaran yèn wong arêp lêlungan utawa wong arêp duwe gawe, nêptu iku kinumpulake dadi siji, banjur binuwang nênêm, kaya ta:

Jumungah nêptu 1.

Sêtu nêptu 2. Kliwon nêptu 1.

Ngahad nêptu 3. Lêgi nêptu 2.

Sênèn nêptu 4. Paing nêptu 3.

Slasa nêptu 5. Pon nêptu 4.

Rêbo nêptu 6. Wage nêptu 5.

Kêmis nêptu 7.

Yèn tibaning petung kari

1. Nuju ala = 4.

2. Dêmang kandhuruwan: mriyayi = 5.

3. Sanggar waringin: kukuh = 6.

--- 3 : 1293 ---

Pôncasuda IV:

Ing ngisor iki pôncasuda nêptuning aksara rongpuluh, kaya ta: bocah aran: Suwardi = Sawada, [...]Huruf Jawa: layar. ora kapetung = ra, sa nêptu 12, wa: 6, da: 5 = 23 - 7 x 3 = 21- 2 (= 23 kabuwang pitu ping têlu kari 2) dadi tiba ôngka 2. kaya ta:

ha nêptu 10. na, ta nêptu 2. ca, ja, ya nêptu 4. ra, ka, pa nêptu 8. da, ma, ba nêptu 5. wa, la, dha, nya, ga, tha, nga nêptu 6. sa nêptu 12.

Yèn tibaning petung kari: 1. Sagara lit. 2. Kidang ancik-ancik karungga. 3. Satriya wibawa. 4. Bumi kapêtak. 5. Satriya wirang. 6. Sumur sapucuking gunung. 7. Purnamasidhi.

Pôncawora (mariyêm):

têgêse: prahara, satêngah kaol arane: pôncawura, sarta dadi sangkalane, kaya ta: pan = pandhita, watak 7. ca = carêm, piritan saka rasa watak 6. wu = wuruk, piritan saka wisikan watak 5. ra = ratu, watak 1

--- 3 : 1294 ---

Kumpuling unèn-unèn pandhita carêm wuruking ratu = 1567.Sengkalan: pandhita carêm wuruking ratu (1567 A.J., 1645/46 A.D.). Mariyêm iku yasane Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, kang gawe Walônda saka ing Jakarta nalika taun 1567 - 1629.

Cocog kaya sêngkalan ing dhuwur mau.

Pôncawora:

saka Mataram, ginawa marang Surakarta, sinangkalan, karasa êndhase kinêthok ing ratu (1616).Sengkalan: karasa êndhase kinêthok ing ratu (1616 A.J., 1692/93 A.D.).

Pôncawati:

pangulu pangeran ... zie P.N. no. 32.

Pancal:

zie wit (kimpul).

Pancal:

zie wulu.

Pancal kidang:

kayu kang ginawe wayang klithik zie P.B. III

Pancala putra:

' = Pandhawa, sadulur lima lanang kabèh P.R.I. 197 (26).

Pancala putri:

sadulur lima wadon kabèh. P.R.I. 197 (25)

Pancal ngore:

ciri pancal ngore iku yèn ana jaran sabên ditunggangi buntute banjur muntir, watêke ala, kang ngingu gampang sinikara ing liyan.

Pôncabaya:

Ciri pôncabaya, unyêng-unyêngan jaran ana sapucuking kuping kang kiwa, matane yèn andêdêlêng kaya kitiran, watêke ala, yèn ginawa prang lupute kang nunggangi iya kang ditunggangi: kêtaton, ing salah sawiji mêsthi nêmu sangsara, tarkadhang karo pisan.

Pancing kalar:

Wisaya iwak kali ingaran pancing kalar, prayogane kanggo ing môngsa udan, kali wis gêdhe sarta banyune wis buthêk. Patrape wong mancing kalar nunggang prau tembo milir, pancinge dicêmplungake ing banyu, pakane sêsukêr diulêd karo lêmpung. Yèn pancinge wis krasa digawani, ditutake saparane sarana talining pancing dikalarake, yèn iwak wis êntèk karosane ditarik minggir banjur dicêkêl gampang bae, adat olèh-olèhane iwak jambal, tagèh, lêmpuk, utawa badhèr

Pancing kopyok:

Wisaya iwak kali ingaran pancing kopyok, kang digawe wêsi utawa kuningan, taline rami dawane sadhêpa, nganggo digodhog karo klikaning turi, supaya bisa

--- 3 : 1295 ---

kaku sarta ora nêsêp banyu, tali sadhuwuring pancing didokoki wilah giligan, dawane 4 dim, ingaran: cangkol, sarta nganggo walêsan pring dawane karo têngah kaki.

Patrape wong mancing kopyok, pancinge dicêmplungake ing banyu, kang jêrone udakara sawudêl, pakane sêsukêr, tangan têngên nyêkêl walêsan, tangan kiwa ngopyok banyu, cangkol talining pancing kajêpit ing jêmpolan sikil, yèn digawani ing iwak, cangkole ucul saka ing jêmpolan, adat olèh- olèhane iwak wadêr: utawa badhèr.

Pancing wêlut:

Wisaya ingaran: pancing wêlut, mung sarana tali dicêkêli ing tangan bae, pakane cacing ditugêl-tugêl, pancinge dilêbokake ing awak cacing supaya ora katon, banjur ditibakake ing êcoping wêlut, samôngsa pancinge dipangan, taline diulur, yèn kirane wis diulu banjur didudut, wêlute kêna mak kalawèr, sing mancing bungah.

Pancing walêsan:

Wisaya iwak kali ingaran: pancing walêsan, patrape padha karo pancing kalar, nanging kacèk kêna ginawe mancing saka pêntasan.

Panurung:

zie abdi dalêm Kadipatèn zie letl.q.

Panurung:

zie landheyan no. 7.

Punuk:

zie srandu kêbo sapi.

Panuksma:

zie Yudhisthira.

--- 3 : 1296 ---

Panakawan Kw.:

sikêp, sêmut gatêl, pamagang

Pandêl:

1. Kalacakra, pandêle abdi dalêm prajurit jagasura (= sêtabêl). 2. Trisula, pandêle abdi dalêm prajurit saragêni. 3. Maesabasuki, pandêle abdi dalêm prajurit trunakêmbang. 4. Brêkat, pandêle abdi dalêm prajurit tamtama, prawiranom, prawirautama sarta mijipinilih. 5. Blodir, pandêle abdi dalêm prajurit jayèngastra.

Pêndul:

zie wit (pête).

Pandêlêgan (waduaji):

Têgêse panêngkêlan, utawa: panênungan, kuwajibane kabubuhan dadi juru tênung sarta nujum sapêpadhane kang bôngsa petungan, kaparingan lungguh bumi desa 312 karya, utawa 78 jung.

Pandêlêgan (bathikan):

zie bathikan.

Pandêlêng:

zie mata.

Pandam:

jaksa kyai ngabèi ... zie P.N. no.37 en 38.

Pandoman:

zie wêsi brani.

Pandangon:

Ing ngisor iki aran sarta watêking pandangon, kaya ta:

Nohan, têgêse rêmbulan, watêke ora ajêg bêcik.

Wogan, têgêse ulêr, watêke mantêp.

Tulus, têgêse banyu, watake akèh karêpe.

Wurung, têgêse gêni, watêke panas atès.atèn.

Dadi, têgêse kêkayon, watêke lumuh kongkulan.

Dangu, têgêse watu, watêke mênêng.

Jagur, têgêse macan, watêke rosa luwês.

Gigis, têgêse bumi, watêke amot ala bêcik.

Kerangan, têgêse srêngenge, watêke kêras, nastiti, ajêg

Puntu zie abdi dalêm Puntu.

--- 3 : 1296a ---

Pintèn tangsèn (mariyêm):

Iku pisungsunge Raja Siyêm, marang ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, nalika taun 1577-1649.

Sawênèh kaol saka pisungsunge kumpêni Walônda, sinangkalan swara angrik buta wani (1577)Sengkalan: swara angrik buta wani (1577 A.J., 1624/55 A.D.).

Puntadewa (Padhalangan):

wandane malatsih sarta kinanthi.

Panular:

zie Img. no. 60 en 130.

Panular:

patih arya ... zie P.N. no. 23.

Pandhu (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak pandhu luk 3. ngisor nganggo naga loro, luk têkan pucuk.

Pandhe:

zie abdi dalêm kêmasan letl. n.

Pandhe:

zie abdi dalêm pandhe nagara. Ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.

Pandhan:

zie wit.

Pandhanarang:

sunan ... zie wali no. 9.

Pundhak:

zie srandu ukiran.

Pundhak Kw.:

luwisa, luwiya, pamidhangan, bujangsa, bujôngga.

Pondhok:

zie Sela no. 10.

Pandhak Karangnôngka:

zie Mangkubumi letl. a.

Pêndhok wêsi:

zie pari.

Pandhita Kw.:Entri: pandhita kw. dilanjutkan pada hal. 1317.

amardika, sunyata, sapraharayogi, sugata, ampu, sadu, sidha = sidhya, sang dibya, rêsi, sadu dibya, sidhiwacana, sang maha êning, dwija, sidya = sidha, sidhawakya, sang mahêning, dwijendra, sidyasidana, sidhayogi, wiku, dwijawara, sadyawakya, sidhayogiswara, wikwa, dwijapati, sidagana, suyati, wipra

--- 3 : 1297 ---

Pandhe:

Ing ngisor iki kawruh êmpu bab panggawening tumbak kêris dalah sapirantine, kaimpun ing Pahêman Radyapustaka nalika taun 1910 saka ature Ngabèi Jayasukadga abdi dalêm panèwu pandhe ing Surakarta Adiningrat.

Wong kang bisa gawe gêgaman ing jaman kuna iku diarani: êmpu, panyambutgawene diarani: pandhe, malah êmpu ing jaman saiki mung disêbut: pandhe, têmbung: pandhe, kaya-kaya panjupuke saka têmbung Malayu: pandei, têgêse: pintêr, êmpu ing jaman kuna ora mung gawe kêris bae, gawe gada, bindi, alugura, sapanunggalane, gêgaman jaman Purwa, dene pandhe ing jaman saiki mung gawe gêgaman kêris, pêdhang rupa- rupa, tumbak, bêdhil, (saiki pandhe wis ora gawe bêdhil), lan gawe pirantine wong amongtani, kaya ta: kudhi, pacul, linggis, wadung, pêthèl, arit sapêpadhane, kang isih lêstari dadi adi-adining pandhe nagara, mung gawe kêris, bênêr utawa luk, pandhe desa gawe pirantine wong amongtani, mungguh pirantine wong pandhe kaya ing ngisor iki:

Ombak-ombak, piranti ngobahake angin mênêng zie ububan.

Ububan, piranti gawe panas urubing gêni ing prapèn, ububan iku bumbung kayu jèjèr loro, gêdhene sakilan, dhuwure 3 kaki, ing dhuwur nganggo suh wêsi kaganthèt ngiras wêngku ing ngisor manjing marang kayu tadhah, kandêle ½ kaki, dawane kaadêgan bumbung loro turah ½ kaki sisih, ambane kaadêgan bumbung siji turah 2 dim sisih, iringe karo pisan dibolong têrus olèh bolonganing bumbung loro mau, padha disrumbung ing wuluh wêsi kumpul dadi siji manjing marang pêthenan kayu, tutupe nganggo lorogan, sumèlèh ing lêmah, bontosing pêthèn mau sasisihe kasrumbung ing wuluh wêsi manèh, siji dawane 2 kaki, wuluh mau kang sasisih manjing marang watu miring [mi...]

--- 3 : 1298 ---

[...ring] ambane sakaki pasagi, didokoki watu manèh ambane ½ kaki, dawane sakaki, kandêle ¼ kaki, kairingake jèjèr karo watu ing dhuwur mau, gonggange watara ½ kaki, padha sumèlèh ing lêmah, dene kang diarani prapèn, iku sêlaning watu mau, iya iku panggonaning gêni pangobongan wêsi, pirantine angobahake angin sajroning ububan kayu, bundêr loro buwênge nganggo bantalan, digarani pring utawa kayu ing têngah dadi kaya isthane tabuh gambang, sarta kudu srêg karo lomponganing ububan, diarani: ombak-ombak.

Cakarwok iku wêsi gilig gêdhene sadriji, dawane: 2½ kaki, ing pucuk lancip sawatara rada nyanthuk, piranti ginawe nyapit gêni mawa.

Cathok: a. Cathok gêdhe, wêsi dhapure kaya cathut, ambaning cangkême 4 dim, dêdêge 3 kaki, nganggo bêsatan anduwa angape, sarta putêran mangap mingkême, adêge disêkrup karo sikiling bangku, bangkuning cathok gêdhe iku blabag, kandêle 2½ dim, ambane 2½ kaki, dawane 7 kaki, disikili pêndhêm cacah 6 iji, cathok mau kanggo anggarap barang gêdhe sarta karo ngadêg, bangkune kanggo tumpangan bêkakas.

Cathok cilik, bakale sarta dhapure padha bae karo cathok gêdhe, dêdêge mung ¾ kaki, ambaning cangkême 2½ dim, dawaning bangkune mung 2 kaki, ambane 1½ kaki, kandêle 3 utawa 4 dim, nganggo sikil papat, dawane mung ngrong dim, kukuhing cathok mau disêkrup olèh bangku, olèh ing ngiringan sarta ing lumahing blabag, cathok mau piranti anggarap barang cilik-cilik karo linggih.

Cathok cilik rêgêman, rupane ora beda karo cathok gêdhe, nanging tanpa piranti dhingklik, awit iku cêkêlan lirune kang kudu cinêkêl ing tangan, dene cathok gêdhe ing dhuwur mau, kanggo ngrêgêm yèn arêp ngikir

--- 3 : 1299 ---

utawa nyiku gusèn gêdhe, cathok cilik kanggo ngrêgêm yèn arêp ngikir, natah masah utawa liya-liyane kang kudu nganggo rêgêman kêncêng.

Kêruk. Kêruk iku dhapure kaya cethok, kacèk wêsine jêjêg, gêgêr kandêl anggligir, pucuk nyênthang, landhêpe mubêng, ing dhuwur gusèn, wungkalane saka ngisor, dhadha kruwingan tundha têlu, sing gêdhe dhewe, sajêmpol, banjur sadriji, banjur sajênthik, sing cilik dhewe: satêngah nyari, iku lancipe ora pati nyênthang mung mêmbat sawatara, kabèh mau nganggo garan, lan kanggo ngrêsikake barang kang mêmêl, kruwingan sarta kang lukik-lukik.

Kakèn. Kakèn iku piranti kanggo ngukur garapan.

Kikir.

1. kikir gêdhe kanggo anggrabahi, a. gèpèng kanggo ngikir samubarang kang papak, b. dhadha walang tundha têlu, dawane 1½, 1¼ lan 1 kaki, kanggo ngikir samubarang kang lêgok, mlêngkung sapêpadhane.

2. Kikir cilik, kanggo ngêlus.

a. Gêbingan têlu, b. dhadha walang, c. ilat-ilat, sajênthik, d. gèpèng tipis sagodhong pari ... sajênthik

3. Kikir lêmbut, kanggo ngêlus.

a. Gêbingan têlu, b. Dhadha walang, c. Ilat-ilat, d. Gilig, e. Nglading ... gêdhene sasada.

Kikir ôngka 2 lan 3 kanggo ngikir kêmbang kacang, lambe gajah, jalèn, jenggot, pudhak satêgal, grènèng sarta kang lukik-lukik, tuwin gawe wêwangunaning naga, dirada, singa, sona, janma lan liya-liyane.

4. Kikir têpak, a. Kikir têpak gêdhe, dhapure kaya cethok, nawing kandêl,

--- 3 : 1300 ---

ing ngisor mulu sarta dicacah, gêdhene sanyari kanggo ngikir kruwingan, b. Kikir têpak cilik, dhapure kaya êndhas cêcak, gèpèng, kang dicacah mung sawatara, karo ing ngiringan mubêng, sawênèh mung dicacah ing ngiringan bae, gêdhene tundha têlu, sajênthik, saparon, utawa saprapat driji, kanggo ngikir sogokan, tikêl alis sarta kruwingan kang cilik-cilik.

Kabèh kikir mau wêsine lancip sarta manjing ing garan kayu.

Kêbyok. Kêbyok iku mêrang digêbung nganggo garan kayu dawa, piranti nyirêp urubing gêni ing prapèn yèn kêgêdhèn, kêbyok iku diclubake ing banyu banjur dikêbyokake ing gêni, gêni mari ngalad-alad, ora manasi wong kang nyambutgawe.

Traju, kanggo ambobot wêsi, waja lan pamor kang arêp ginawe gêgaman.

Tatah ana rupa loro, a. tatah pajêg, gusèn sasisih, nglimpa ngiwa nêngên, b. tatah panguku, buwêng gusèn sasisih.

Tatah mau padha iras, sarta padha tundha ngênêm, dawane naracak 4 dim, nanging gêdhe cilike ora padha, kang gêdhe dhewe ½ dim, kang cilik dhewe 3 sêtrip, kabèh mau kanggo piranti anggarap balumbangan sarta kruwingan, apadene kanggo natah kang arêp dipasangi kêncana.

Tong. Tong cilik kanggo wadhah banyu pamungkalan.

Sikon. Sikon iku waja gèpèng, ambane 2 dim, dawane 1 kaki, nganggo kasambungan balabag, ômba dawane iya samono, sambunge sing agawe pojok bênêr, iku piranti kanggo nyiku alat lungguhing kêris.

Supit. Supit wêsi, dhapure kaya gunting cangkême kaya cocor bèbèk, diarani kayu dawa, piranti nyupit wêsi kang diobong sarta dipalu nalika isih mangangah, supit mau tundha têlu, a. supit gêdhe, dawane 2½

--- 3 : 1301 ---

kaki angape kêlar 5 dim, b. supit dhara, dawane 2 kaki, angape kêlar 3 dim, c. supit cilik, dawane 1½ kaki, angape kêlar 1½ dim.

Sangkletan, utawa sungon, iku sungu kêbo§ Pangkat punika ingkang nelakakên sungu kalih, dede maesa kalih. loro, golèk kang dawane padha 1½ kaki, disunduk ing wêsi gilig malang ing têngah, dawaning sunduk 1½ kaki, kiwa têngên kajêbèrake, sèlèhing sungu dadi mêkungkung, ing dhuwur kagêthak-gêthak kaya tataran, anjinging wêsi kang arêp ginarap: logro, pêrlune kêna kaungkrêd lan kaododake, iya iku piranti nyangklètake (tumpangan) gêgaman kang lagi dikikir grabahan.

Wawal. Wawal iku kaya tatah panguku, bedane nganggo garan kayu, wawal mau tundha têlu, kang gêdhe dhewe ½ dim, banjur kasuda rong sêtrip, kasuda manèh rong sêtrip, iku piranti nusuki tilasing pasah kikir supaya katon alus.

Wungkal, a. wungkal gêdhe kasar, kanggo anggrabahi gêgaman (piranti), b. wungkal gêdhe alus, kanggo mungkal gêgaman (piranti) gêgaman (wêsi aji), c. wungkal cilik alus, kanggo mungkal gêgaman (wêsi aji) yèn wis arêp ambakar sarta kanggo nyangir, apadene yèn mucuki, patrape: wungkale kang digosokake ing gêgaman, dudu gamane.

Loco. Loco, plocon, kalantur dadi ploncon, ploncon iku lincak palinggihane wong ngububi prapèn, dhuwure sadêdêge ububan, manggon saburining ububan.

Lulang of walulang. Lulang matêng satêbah-têbah, kanggo lambaran nyathok barang ringkih kang wis dadi.

--- 3 : 1302 t/m 1 ---

Paningkas. a. Paningkas iku mèmpêr kaya pacal kang gêdhe, kacèk paningkas papak bae, kang ginawe: waja, nganggo gapit pring kaya paju, piranti mratakake gêthakan, kaya ta: nyaloni wêsi yèn mung kalawan palu bae ora nganggo paningkas, ora bisa rêsik, dening ora bisa malu kang cêdhak pojok, yèn pamalune nganggo paningkas bisa olèh pasikone, b. Paningkas kêmbang kacang, cilik, kacèk ing têngah lêgok, sarta tanpa gapit, piranti ngêluk kêmbang kacang sarana dithuthuk.

Pacal. Pacal iku mèmpêr kaya paju, kacèk pacal cilik sarta landhêp, kang ginawe: waja, pacal gêdhe dawane 4 dim, ambane ½ dim. Pacal cilik, dawane 4 dim, ambane 2 sêtrip. Padha tanpa gapit, piranti gawe untu graji, sarta cacahan kikir sarana kathuthuk, utawa kaya wong nênatah.

Paron. a. Paron gêdhe dhapure sairip kaya pipisan, nanging ciyut sarta anjinggring, kang ginawe waja, gêdhene 1½ kaki, dhuwure 1 kaki, ambane 6 dim, nganggo canthik dawane ½ kaki, ing dhuwur papak karo lumahing paron, poking canthik kiwa têngên suda saka ambaning paron, antara 2 dim sisih, ngisor nganggo ênggik-ênggikan ing sikiling paron nancut munggah têkan pucuk gilig mulu, têngah-têngahing canthik bolong bundêr ambane ½ dim, piranti tadhah yèn bolong utawa gawe paku sapêpadhane, lètèraning paron kanggo lambaran panggêbuging (palu) wêsi kang arêp ginawe dandanan, kang lagi mêntas saka ing prapèn, isih êmpuk ginèpèng utawa ginilig dadi sakarêpe, canthike minôngka sunglon: yèn ngarah kang laku palu. Dene paron mau manjing ing gêthakaning balabag kandêl dawane antara saasta sumèlèh ing lêmah, murih paron ora bisa amblês ing lêmah.

--- 3 : 1304 ---

b. Paron cilik, bakale wêsi bae, ora waja kaya paron gêdhe, piranti pamepehan, dêdêge 1 kaki, bontose ing dhuwur 4 dim pasagi papak nganggo dibêlèk ngalèn ambane ¼ din,dim. jêrone 2 sêtrip, piranti kanggo tadhah yèn macak arêp ngêngêthok.

Prapèn zie ububan.

Pasah. Pasah iku waja gèpèng, dawane 4 dim, ambane 1 dim, kandêle 3 sêtrip, landhêpe mung gusèn sasisih, pasah iku rupa loro, siji pajêg, sijine sawatara nguku, undhuke wêsi dawane 1½ kaki, pucuke kiwa têngên nganggo cêkêlan kayu, ing têngah bolong dawa, kang dianjingi pasah, kukuhe nganggo têtêgan wêsi. Dene pasah waja mau kanggo masah ngrata kruwingan utawa ngrata kang ambarênjul.

Palu. Palu iku waja, dhapure: rai papak bundêr gilig têkan ing tênggok, sirahe pasagi, ing dhuwur tênggok bolong kaanjingan garan kayu, palu ana têlu, kaya ta:

a. Panimbal kêmlaku bobot 2 kati, digawe ngimbal barang gêdhe sarta kang kudu digêbug sêru, iku cêkêlaning panjak, manut imbaling panuding.

b. Panimbal panuding, bobot 1½ kati, kanggo nuduhake pamaluning panjak, utawa kanggo malu barang cilik kanthi pangarah.

c. Panimbal pepehan, bobot 1 kati, kanggo mèpèh wêsi utawa kanggo malu barang cilik kanthi pangarah.

Paju. Paju iku waja, dhapure kaya tatah gêdhe, paju gêdhe dawane ¾ kaki, ambane rong dim, kandêle ½ dim, landhêpe gusèn kiwa têngên anglimpa, kagapit ing êpring dawa minôngka cêkêlan, sacêdhaking paju nganggo suh wêsi, piranti maju mêcah pamor.

--- 3 : 1305 ---

Paju cilik, suda saka paju gêdhe, dawane ½ kaki, piranti ngêthok utawa maro wêsi utawa waja kang mêntas binakar isih mrêngangah.

Pêthil. Pêthil iku palu cilik mung ½ dim, sirahe gèpèng rai mulu alus, kanggo thuthuking tatah wêsi iras, tanpa garan kayu.

Jara. Jara iku bakale waja, dawane 3 dim, bongkètbongkot. pasagi minôngka purusn, gêdhene 1/3 utawa ¼ dim, wiwit têngah mêthit têkan pucuk mêgar sawatara, pucuk lancip anggusi, wungkalane patang wadana, dene tundha-tundhaning gêdhening jara, wiwit sasada tutug sapanuduh. Jara mau dadi rong perangan, jara gêdhe lan jara cilik, jara gêdhe purusane sapanuduh, suda-suda nganti têkan jara sing cilik dhewe, jara gêdhe manggon ing piranti bandhul gêdhe, jara cilik manggon ing piranti bandhul cilik, bandhul iku wêsi gilig dawane 1½ kaki, kang sasisih bolong piranti anjinging purus jara, pamasange cupêt saka ing bontos 1 dim, nganggo timbêl bundêr gêdhe bobot 4 kati, ing sisih bolong panggonan tali, nganggo palang kayu, dawane 1½ kaki, ing sisih bolong dianjingi ing wêsi mau, sasisihe kang dawa nganggo tali jangêt olèh pucuking palang kiwa têngên, tali ing têngah malêbu ing wêsi bandhul gêdhe bobot 5 kati, palange wêsi mundhak dawane ½ kaki, panganggone diubêngake palange kayu: diênjot.

Jôngka, iku kang ginawe waja cawang loro padha dawane (sacêngkang) ing pucuk lancip, ing bongkot manjing kokotan, dadi siji lancip loro kayadene gunting, kêncênging kokotan nganggo dikêling sêrêt, bisa mêgar mingkup, kanggo piranti anjôngka rancangan sikutan.

Musuk. Musuk iku tatah iras dhapure miring buwêng gusèn sasisih, dawane 4 dim, tundha 6, kang gêdhe dhewe 4 sêtrip, banjur adhine, adhine tutug kang cilik dhewe 2 sêtrip, kanggo piranti natah sogokan sarta

--- 3 : 1306 ---

nêtêg gônja.

Gandhèn. Gandhèn sungu kêbo kang pucuk ½ kaki, nganggo digarani pring, ginawe nuthuk kêris nom, utawa kêris tuwa kang bengkong utawa ngelo.

Grenda. Grenda iku wungkal pangasahan, dhapure bundêr gèpèng nganggo andhên ing têngah mubêng sêsêr, gêgaman kang diasah mung kari nèmpèlake bae, kang mubêng wungkale.

Graji. Graji iku waja pir dawane mung sakaki, dipênthang ing wêsi malêngkung, nganggo wêsi banjur digarani, untune angri pandhan utawa pacalan, iku piranti angêngêthok, utawa ambêbêlèk gêgaman, graji kang cilik waja mung sapucuk sada, untune pacalan mubêng, iya nganggo pênthangan kaya ing dhuwur mau, piranti anggraji kêmbang kacang utawa panji karongron.

Bêsalèn. Bêsalèn iku omah prapèn kang ginawe nyambut gawe pandhe, dawane kang akèh pêcak salapan.

Blak. Blak iku kanggo ngukur pasikutaning tumbak kêris bênêr utawa luk, miturut babon.

Bumbung pring wadhah sêpuh.

--- 3 : 1307 ---

...Hal. 1307-1316 kosong.

--- 3 : 1317 ---

Pandhita Kw.:

wipreswara yampu mahadibya munindra, paramarta yampuh mahadwija muniswara, patarêsi yogi mahawiku muniwara, dhahya yogindra mahapinundhi mardika, jwijawara yogiswara mahayêkti muditi, yati maharsi mahayogi brahmana, yatiwara maharêsi mahamuni bramana zie pujôngga.

Pandhita:

têmbunging ... Pamanggihing tiyang botên kenging kasami, sanès pandhita sanès wêjangan, utawa: sapandhita sapanêmu zie wali. Têgêse pandhita: guru gêdhe kang sarwa putus.

Pandhita:

baturing ... enz. Ing ngisor iki araning bature pandhita sapanunggalane dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:

Indhung-indhung, iku wong kang lagi mondhok, pagaweane babad-babad alas saubênging gunung.

Uluguntung, juru mranata pagawean sajroning pratapan.

Ajar, juru mulang têpapalupining jaman kuna sarta anggêlarake aji jaya kawijayan, kanuragan, kadibyan sapanunggalane.

Cantrik, juru kongkonan sarta kabubuhan anggarap prakara sajroning pratapan.

Cèkèl, juru nênandur sarta jaga patêgalan.

Rêsi, têgêse: sarwa suci, iya iku bôngsa sogata kang pêpangkatane dhuwur dhewe, yèn katarima unggahe dadi dewa.

Sogata = rêsi.

Wiku, kang wêruh saliring kaanan kabèh, utawa pancèn ora kasamaran sawiji-wijining dumadi.

--- 3 : 1318 ---

Wasi, utawa wawasi, kang dadi juru pangadilan angrampungi sarupaning prakara ing pratapan.

Pandhita, guru gêdhe kang sarwa putus.

Parampara, iku pandhita ugêr-ugêring karaton, kuwajibane anjumênêngake panjênêngan nata, sarta amêmulang marang para rajaputra, amêdharake laksitaning pustaka wedha.

Puthut, juru rumêksa sanggar palanggatan, sarta kabubuhan masang pirantining pamujan.

Janggan, utawa jajanggan, juru tulis sarta juru anggit.

Yogi, ulah sarwa bêcik.

Manguyu, juru nabuh gêntha kêkêlènging pamujan.

Galuntung, kang wis omah-omah nyagatpat,nyagakpat. pagaweane ngusung-usung utawa mêmikul apèk kayu tuwin banyu.

Brahmana (= pandhita sabrang) dene têgêse: bèrbudi, wicaksana tansah ulah kalêpasaning budi, ambabarake cipta mana, iya iku wêwulang kang mijil saka osiking ati, mulane sinêbut: sujana.

Ing tanah Jawa kang sinêbut aran: brahmana, iya ana, dadi kamituwaning praja, kuwajibane amêmuja karahayoning nagara, amulyakake lan angluhurake kawiryaning ratune, pasebane nunggal ana ing pôncaniti.

Pandhawa:

zie Pancalaputra.

Pandhawa (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris Pandhawa luk 5 nganggo kêmbang kacang, ri pandhan, sogokan, sraweyan, lambe gajah siji.

--- 3 : 1319 ---

1. Kêris dhapur Pandhawa luk lima nganggo pejetan, nganggo tikêl alis, tanpa kêmbang kacang sarta tanpa grènèng. 2. Kêris dhapur Krêsna Tinandhing, bênêr nganggo sogokan loro, nganggo kêmbang kacang ngarêp buri, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng. 3. Kêris dhapur Bimakurda luk sangalas, nganggo pejetan, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo jenggot, gônja ing buri nganggo grènèng, nganggo rôndha nunut. Kêris warna têlu mau yasane Prabu Gêndrayana ing Mamênang, kang kinon gawe Êmpu Mayahadi, sinangkalan: pandhita anon brahmana (837).

Pandhawa ijo:

zie dhatu (33)

Pandhawa carita:

zie jangkung.

Pandhawa gêdhe:

zie dhatu (32).

--- 3 : 1320 ---

Pandhawa Bocah:

Dhapuring kêris Pandhawa Bocah luk 5 nganggo kêmbang kacang, ri pandhan, lambe siji, luk kêmba.

Pandhapan (katuranggan):

Yèn arêp ngarah bisane pandhapan zie laku letl. f. Pêndhêm voor kerbouw, Prucul voor kambing ... zie sranduning kêbo sapi (sungu).

Pêndhêm upas:

Ciri pêndhêm upas, unyêng-unyêngan jaran ana unyêng-unyêngane manèh, sapa kang ngingu anggung kêlaran.

Pandhoga:

zie wit (pandhan).

Pundhung Kw.:

kalorak.

Panji:

panakawane loro, Têmbêm lan Pênthul.

Panji:

Iku pangkating sêntana wayah buyuting ratu, lan sêsêbutane abdi dalêm prajurit kang apangkat upsir munggah tutug mayor kang dudu wayah dalêm, apadene araning sabate pandhe gamêlan.

Panjinom (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris panjinom: bênêr, nganggo sogokan, sraweyan sarta grènèng.

Panjinom (jogèd):

Jogèd laras panjinom, tanpa gêgaman, mung olah parigêling awak bae, iku anggitane Panji Inokartapati nalika taun 1125 zie Kartapati letl.b.

Panji tuwa (jogèd):

id.

Panji sinom:

zie panji sêkar.

Panji sêkar (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris panji sêkar luk 9 kêmbang kacang, pogol, sogokan, sraweyan sarta ri pandhan.

--- 3 : 1321 ---

1. Kêris dhapur panji sêkar bênêr, nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng. 2. Kêris dhapur carangsoka, luk sawêlas, nganggo pejetan, nganggo tikêl alis, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng. 3. Kêris dhapur panji sinom: bênêr, nganggo sogokan loro, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo mata widhêng, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng, nganggo rôndha nunut.

Kêris warna têlu ing dhuwur mau yasane Prabu Lêmbu Amiluhur ing Jênggala, kang kinon gawe Êmpu Windudigbya sarta Êmpu Jôngga, sinangkalan: bolonging gati anyipta tunggal (1159).

Pênjalin:

zie abdi dalêm gêdhong têngên.

--- 3 : 1322 ---

...Hal. 1322 kosong.

--- 3 : 1323 ---

Panjangjihya:

' = panjang jiwa spr. (waduaji), têgêse lidhah dawa, kuwajibane kabubuhan nindakake parentah enggal-enggal, kaparingan lungguh bumi desa 350 karya, utawa 87½ jung.

Panjangmas:

' = Anjangmas zie Anyakrawati.

Panyutaka:

piranti panglarunging layon P.R.II. 199-9 v.o.

Pênyu Kw.:

hlêm, kurma, kêtêm, kêtêmwang, klêmang, kuma, masiran

Panyarèng:

zie Cakil. Panyarèng wandane: udhalan sarta tlakup.

Panyutra:

zie sutra.

Panyapu:

zie pangangsu.

Panyrigan:

zie abdi dalêm gêdhong têngên en zie criga.

Panyungging:

zie abdi dalêm panyungging.

Panumping:

bupati ...

1. Radèn Tumênggung Wiradigda I sumare desa Trayêm Kêdhu (Magêlang), 2. Radèn Tumênggung Cakranagara I sumare desa Jênar (Ngayogyakarta), 3. Radèn Riya Martapura, sumare desa Kranggan Jaban Kori (Banyumas), 4. Radèn Riya Suryadipura, ora têrang, 5. Radèn Tumênggung Wiradigda II kaundur, mirit unine layang Babad Pakêpung kabuwang marang pulo Hondrus, 6. Kyai Tumênggung Wirarêja, sumare desa Makamaji Pajang (Kartasura), 7. Radèn Riya Cakrawinata, sumare desa Pringapus tanah Kêdhu (Magêlang), 8. Radèn Tumênggung Cakranagara II munggah dadi patih nama lêstari Radèn Adipati Cakranagara zie Sèwu no. 6 sumare ing desa Jabung Dêlanggu (Klathèn), 9. Radèn Tumênggung Wiraguna, ngalih nama Radèn Tumênggung Prawiranagara I sumare ing Endrakila (Bayalali), 10. Radèn Tumênggung Prawiranagara II sumare ing Endrakila (Bayalali), 11. Radèn Tumênggung Prawiranagara III sumare ing Endrakila (Bayalali), 12. Radèn Tumênggung Prawiranagara IV sumare ing Endrakila (Bayalali), 13. Radèn Mas Arya Sasrakusuma, ngalih nama Radèn Mas Arya Prawiranagara IV, munggah dadi pangeran nama Bandara Pangeran Tumênggung Sindusena, 14. Radèn Tumênggung Sasranagara

Panumping:

zie abdi dalêm panumping en zie sumping.

Panumping (waduaji):

Kang aran bumi panumping iku, bumi tanah Pajang kang kulon, kabubuhan nyôngga pajêg bêras pari sapanunggalane zie panêkar.

Pênthil:

zie srandu kêbo sapi.

Pênthul:

zie srandu kêbo sapi.

Pênthul:

panakawane Panji.

Panunggul:

zie tunggul.

Pace:

zie wit, 2. Kw. wêtis, 3. wangsalan Tjent. moyoki sarta ngisin-isin, olèh dening ngece-ece

Pacuh Kw.:

walêr. Voorb. pacuhan pacuhana ...

Pacina taun 1667.

Pacar:

wangsalan Tjent. pisahing prênah.

Pacira:

zie dhatu (25).

Pacar cina:

zie gend.

Pacar banyu:

wangsalan Tjent. sêkar kapisah ing toya.

Pucuk:

zie srandu kêris.

Pucuk:

zie srandu warôngka wêdhung.

Pocok:

zie srandu kêbo sapi.

Pucuk pêncu:

zie srandu kênong

Pacêt:

zie srandu katuranggan.

--- 3 : 1324 ---

Pacêt:

zie srandu kêbo sapi.

Pêcattôndha (waduaji):

têgêse: pamêcate andhaning prau, iya iku kang pinitaya madanani para pabeyan bandar laut kabèh, kuwajibane nyêkêl pangwasaning muara sêgara sapanunggalane. Kaparingan lungguh bumi desa 475 karya utawa 118¾ jung.

Picis (timah):

Kacarita picis iku dhuwit timah yasane Prabu Widayaka kang kalakokake ana ing nagara Purwacarita, sinangkalan: gapura loro dhuwur rupane (1029).

Sirnane dhuwit picis dhèk jaman Mataram, panjênêngane Ingkang Sinuhun Sultan Agung, liniru dhuwit têmbaga yasaning Kumpêni ing Jakarta, sinangkalan: obahing parentah anata wani (1576).Sengkalan: obahing parentah anata wani (1576 A.J., 1653/54 A.D.).

Pacal (kêmbang lumbu):

Wangsalan Tjent. pamiwaling laki olèh dening: mancal.

Pacul:

(= garacul). Ing jaman kuna wong wadon iya atêtanèn, nganggo garacul, dorane cêndhak, bawake cilik P.R.IV 145-7.

Pêcêl:

Pêcêl pitik jangan mênir zie sêga golong.

Pocol:

zie Durmagati

Pragota:

en Prabawa.

Pucang:

zie wit (jambe).

Pucung:

1. zie wit, 2. (têmbang) têgêse: pucuk, utawa wit kaluwak, kang nganggit Sunan Gunungjati zie J.K.1900 no. 63 Voorb.

u - a - i - a // 12 - 6 - 8 - 12

Dene tumpuk angambak angumbuk ngêruk / babo sumakeyan / wong bagus tinitah jurit / dèn atanggon aja mundur ing apêrang // Minak Malibarie.

3. Wangsalan Tjent. sêlaning manggar, olèh dening mancung.

4. (wit). Pucung utawa wit kaluwak, wohe kang isih nom, matênga mêntaha yèn pinangan angêndêmi, êndême anggliyêr abot ora duwe kaelingan, sarta nganggo mutah, panawane durung kasumurupan, nanging yèn wis tuwa kêna ginawe bumbu pindhang, utawa kêna sinambêl, nanging kudu ginawe tapatape. dhisik, sarana diblêsêkake ing pacêrèn antara satêngah sasi, banjur dipêndhêm ing awu antara pêndhak dina, wusana banjur digodhog, iku dadi nglênga sarta rasane gurih.

5. (gêndhing) zie gend.

Pocong (waduaji):

Kang aran: pocong, iku takêran bêras amot tukon pari ½ bêlah.

--- 3 : 1325 ---

Par:

1 Tj.B watara, 2. Kw. pandum.

Pêr:

niet.

Pir:

Tj.B. kêsangsang.

Pur:

Tj.B. wêwinih.

Pèr:

Tj.B. kewuhan.

Por:

niet.

Pra:

1. Tj.B. pêcah. 2. Kw. sira, sakèhe, lumrah, para, prênah. 3. Atêr-atêr = lingga andhahan substantief mung bisa tumrap ana sangarêping têmbung lingga kang ora apurwa: ha, kaya ta: prakara. pra neuskl.

Atêr-atêr: pra, tumrap ana sangarêping rimbag tanduk neuskl. kang wis tinêmu mung ana siji, iya iku: pranata.

pra - an

Atêr-atêr: pra, tumrap ana sangarêping têmbung lingga olèh panambang: an, bisa luluh lan aksara purwaning lingga, utawa ora, kaya ta:

Prapèn luluhe: praapian.

Pripeyan luluhe: praipean.

Primbon luluhe: praimbuhan.

Praean luluhe: praraian

Praimpunan saka: praimpuan.

Pra neuskl. an.

Atêr-atêr: pra, tumrap ana sangarêping rimbag [rimba...]

--- 3 : 1326 ---

[...g] tanduk, olèh panambang: an, kang wis tinêmu mung ana siji, iya iku: pranatan.

Para of pala:

1. Atêr-atêr: para of pala, mung bisa tumrap ana sangarêping têmbung lingga, têgêse: duwe, kaya ta: para (of pala)marta = duwe marta enz. 2. W.H. bagi, têgêse: perangan utawa pandum. 3. zie srandu kênong.

Pari of pali:

1. Atêr-atêr pari of pali, mung bisa tumrap ana sangarêping têmbung lingga, têgêse: duwe, kaya ta:

Pari:

(of pali) marma = duwe marma enz. 2. Pari N. pantun K.

--- 3 : 1327 ---

Ing ngisor iki araning pari utawa kêtan sawatara, kaya ta:

Irêng - ketan, Uwèn - jero, Cêndhani - D.I.336, Cêmpa - um. 4 bul, Cêmpa utri - genj, Cêmpa seta - um. 4½ bul, Cêmpa sadhopok - = slamet, Cêmpa wilus - um. 4½ bul, Cêmpa lêgawa - genj, Cêmpa manggar - genj, Cêmpa gudèl - genj, Cêmpa gawok - um. 5 bul, Cêmpa gêblug - genj, Rôndha - D.I.337, Rôndha mèntèr - jero, Rajêgwêsi - genj, Kontulan - um. 6 bul, Kontulan rajalele - jero, Kontulan sundêl gawok - jero, Kontulan wêlut - jero, Kontulan pandhak - jero, Kuwuk - ketan, Klèwèr klungsu - um. 4½ bul, Klèwèr wulung - um. 5½ bul, Timunan - ketan, Tambak - D.I.336 en Bertsch. IV. 22-4, Surèn - genj, Srikuning - um. 4½ bul. en Bertsch. IV. 22-4, Serang - ketan, Soka êmprit - Bertsch. IV. 22-2, Sokanandi - D.I.336 jero, Slamêt = cêmpa sadhepok - Jero um. 8 bul.

--- 3 : 1328 ---

Sembukan - Bertsch 22-3, Sêngkawa - jero um. 6½ bul, Wajar - jero um. 4 bul, Lêmpuyanga - jero um. 6½ bul, Lumbu - ketan, Pêndhok wêsi - D.I. 337. genj, Prampeyan - sedeng, Pêlêm - ketan, Papah arèn - D.I. 337, Dhudha ngasag - D.I. 337 genj, Jaka bolot - D.I. 337 genj, Mênur - D.I. 337, Mèntèr - D.I. 337, Mèntèr sari - genj, Mèntèr wangi - genj, Mênthik wangèn - D.I. 337 sedeng, Mênthik grewal - D.I. 337 sedeng, Mênthik gêmbolo - um. 5 bul, Monthèl - sedeng, Masan - jero um. 6 bul, Gôndapura - ketan, Gondhil - ketan, Gonjah ragi - genj. um. 5 bul, Gonjah kênanga - genj. um. 4½ bul, Gêdhangan - Bertsch IV. 22-4., Gajih - ketan, Bêndhan - jero, Brêngos nêtêp - jero, Bayungan - genj, Bobat - ketan.

2. Kw. pantên, pantun, parya

3. (waduaji).

Ing ngisor iki wêwijangane etungan pari, kaya ta:

amêt = 24 gèdhèng, pari entra§ Entra iku têtêngêr antaraning amêt. 1 gèdhèng, gunggung 25 gèdhèng.

wuwa = 12½ gèdhèng.

sôngga = 6¼ gèdhèng.

bawon = 3 1/8 gèdhèng nanging banjur dadi 4 gèdhèng.

gèdhèng = 2 bêlah.

bêlah = 2 pocong.

pocong = 2 agêm.

agêm = 2 têkêm.

têkêm = 2 tanggapan.

--- 3 : 1329 ---

4. zie kimpul.

5. Wiwite ana wong nandur pari saka Jaka Puring, sinangkalan: anrus rasaning guna (369). 6. Yèn ngunggahake pari ing lumbung mawa isarat kêmbang sulasih sakojong, sinêbarake sadhuwuring pari. 7. Omah lêsung panggonan nutu pari kudu mawa payon, sarta ing palêsungan kudu kasaponan rêsik. 8. Yèn nutu pari, sadurung lan sawise: akothèkana, iku karêmêne Dèwi Sri, iki bêtuwah pangandikane Dèwi Sri marang Buyut Warahas = Buyut Muksala ing desa Boga

Paru:

zie srandu kêbo sapi.

Pare:

1 zie wit. 2. ayam, wêlut, belungan. 3. Kw. katundhu. 4. Wangsalan Tjent. pangudharing wèni = ngore.

Paro:

Paron nagara Surakarta lan Ngayogyakarta, Pangeran Mangkubumi bêdhami pêpanggihan lan ingkang putra P.B. III. ana ing desa Lêbak Jatisari, sinangkalan: aningali salira rasa tunggalSengkalan: aningali salira rasa tunggal (1683 A.J., 1755 A.D.). (1683) Jav. (1755) Holl.

Prau:

Ing ngisor iki araning prau sawatara, kaya ta: indrajaya: Ngeni 17-4, cuneya: P.L.I. 49-1, cêmplon: ..., rumbaya: Wbk. Kw, konthing: D.W.180, kèci: D.W.180, koci: ..., kapal: D.W.180-3, tup: P.L.I. 49-1, tembo: P.L.I. 49-1, sakèci: D.W.180-2, sakoci: D.W.180-2, sêlup: D.W.180-3, wahitra: ..., wangkang: D.W.180 -3, lanang: D.W.180-3, lanangan: ..., loning: ..., lancap: ..., lancang: D.W.180-3, lêlanang: D.W.180-3, lêlancar: ..., lêmbu: D.W.180, panjajap: 1001 N.II.523-10 v.o, parwaka: ..., palwa: ..., jaladara: Ngreni 17-5, jong: ..., jungkung: D.W.180-3, melang: ..., mayang: P.L.I.49-1, gorap: Ngreni 17-4, giyota: D.W.180, bahnawa: ..., baita: ..., baitra: ..., banawa: ..., brukutan: P.L.I.49-1

--- 3 : 1330 ---

Praon:

Ond. Pajang, Dist. Kartasura.

1. Dèwi Cêmpawati.

Olèh pasadranan dalêm dhuwit ... f. 4.

Mêtu saka Pangulu Kadipatèn Anom.

--- 3 : 1331 ---

Prihatin:

zie gend.

Pareanom:

zie gend.

Prahara:

Iku bangsaning manuk, dumunung ing sêgara ngêndi-êndi, manuk iku kanggo têtêngêre wong nglakokake prau kapal, samôngsa manuk iku mencok ing tiyanging prau, amêsthi bakal ana prahara.

Prahara:

(= angin) Kw. sindhung aliwawar, sindhung bisaka, lesus, panca (pônca) wora, pôncawora tarik, bajrapati zie angin en barat.

Prahiwaha:

brahmana rêsi ... zie P.N. no. 14.

Purna:

nyai agêng ... zie Sel. no. 17.

Paran:

zie wit (gêdhang).

Pêron:

Woh pêron iku kêna ginawe misaya iwak kali, kayadene jênu, didhêplok nganggo momoran jêmbul bawang sarta sawang sathithik, sawise lêmbut banjur diulêd karo cacahan cacing, bubukan pêron sabagean, cacahan cacing rong bagean, banjur dicêmplungake ing kêdhung kang kinira akèh iwake iku kang minôngka pakane, ora nganti sajam, iwake pating krampul padha mati kêna wisaning pêron mau, mung kari anjupuki bae.

Wit pêron iku ora tuwuh ing alas, tuwuh ing pakêbonan, tarkadhang tinandur pinêncarake, gawene iya mung bakal kanggo misaya iwak kali bae, uwite marambat, godhonge kaya godhong gêmbili, nanging rada wungu sarta kandêl, wohe dhêdhompolan kaya wuni, nanging atos kaya botor.

Prênahalika:

zie manggalagita.

--- 3 : 1332 ---

Para nini:

zie abdi dalêm wadon no. 32.

Para nini kagêngan:

zie abdi dalêm wadon no. 38.

Prênah:

lor: utara, kidul: duksina, wetan: purwa, kulon: pracima, lor kulon: nurwitri, kidul wetan: byabya, lor wetan: narasunya, kidul kulon: kaneya

gêgana dhuwur, patala ngisor, madya têngah ... zie keblat.

Pranantaka:

Jaksa ngabèi ... zie P.N. no. 41.

--- 3 : 1333 ---

Praniti tani:

1. Jung = dhêngkul. 2. Kikil = sikil = ½ jung. 3. Bau = iya bau = ¼ jung. 4. Lupit, lukitaning dariji sikil = 1/8 jung. 5. Iring = iringaning dariji ing jêro = 1/16 jung. 6. Idu bênêre: êdu = saadon, iya iku saadoning dariji sikil loro sarta tangan loro dadi 1/32 jung. 7. Kêcrit = cêrêt = 1/64 jung.

Petungan pari: 1. Saamêt = saamot = 24 gèdhèng, entra 1 = 25 gèdhèng. 2. Sawuwa = sawadhah = tobong = 12½ gèdhèng. 3. Sasangga = sabodhag = 6¼ gèdhèng. 4. Sabawon = sajupukan = 4 gèdhèng. 5. Sagèdhèng = sagandhèng = 1 gèdhèng. 6. Sabêlah = sasigar = 1 bêlah. 7. Sapocong = ½ bêlah. 8. Saagêm = ¼ bêlah. 9. Satêkêm = 1/8 bêlah. 10. Satanggapan = 1/16 bêlah.

Petungan cacah: 1 = sawiji / 2 = gandhèng / 3 = saka ananing êndhog = antêlu / 4 = keblating jagad / 5 = keblating jagad 4, têngah 1 = 5 / 6 = keblating jagad 4, ngisor dhuwur 2 = 6. /

- -- 3 : 1334 ---

7 = sab-sabaning bumi pitu. / 8 = keblat papat dalah antarane. / 9 = saka babahan hawa sanga. / 10 = pêcahing wiji. / satus = 100 = thukul. / sèwu = 1.000 = wit. / salêksa = 10.000 = pang. / sakêthi = 100.000 = godhong. / sayuta = 1.000.000 = kêmbang. / sawêndra = 10.000.000 = woh. / sabara = 100.000.000 = anjrah. / sawurda = 1.000.000.000 = andadi. / sagulma = 10.000.000.000 = sumêbar. / sakirna = 100.000.000.000 = gumêlar.

--- 3 : 1335 ---

1. Uyun-uyun = bumi punjungan, paringing ratu marang para wali dhèk jaman Dêmak. 2. Narawita, bumi pêthilan macung mênyang panjênêngan ratu, kagêm pasanggrahan, dhèk jaman Pajang. 3. Narakuswa, bumi lungguhing bupati kapundhut miji ing panjênêngan ratu, kagêm pasanggrahan, uga dhèk jaman Pajang. 4. Pangrêmbe = sêsêliran, bumi lênggahe panjênêngan ratu diwêtokake apa pawêtuning bumi, ora nyôngga pajêg, anane bumi pangrêmbe dhèk jaman Mataram. 5. Gêmah ijo lumrahe gêmak ijo = pomahan kang isih miji dadi kagungane panjênêngan ratu, ora katut diparingake mênyang abdi dalêm, anane bumi gêmak ijo iya dhèk jaman Mataram, panjênêngane Ingkang Sinuhun Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma. 6. Sapurègèl, pomahaning abdi dalêm kang wis mati, kaduwe marang kang anggêntèni, jaman Kartasura P.B.I. 7. Têbu sauyun, bumi tilas patamanan, isih dipundhut miji ing panjênêngan ratu, jaman Kartasura P.B.I. 8. Bumi sèwu, tanah Pagêlèn sisih kulon, Solo. 9. Numbakanyar, tanah Pagêlèn sisih wetan, Yogya. 10. Bumi, tanah Kêdhu sisih kulon, Solo. 11. Bumija, tanah Kêdhu sisih wetan, Yogya.

--- 3 : 1336 ---

12. Panumping, tanah Pajang sisih kulon, Solo. 13. Panêkar, tanah Pajang sisih wetan, Yogya. 14. Gêdhe, antaraning tanah Pajang lan Dêmak, Solo.

--- 3 : 1337 ---

Pranata wadya:

1. Patih = parentah. 2. Adipati = panggêdhening parentah. 3. Senapati = mangku parentah. 4. Bupati = bawahaning parentah. 5. Tumênggung = dhênggung. 6. Arya = luhur. 7. Kaliwon = kapiji. 8. Wadana mantri = pangarêping mantri. 9. Mantri wrêdha = mantri tuwa. 10. Mantri mudha = mantri nom. 11.Pêcattôndha = pamêcat andhaning prau. 12. Tôndhamantri = mantri tôndha (mupu beya pasar). 13. Ôndhamoi = pêpangkataning pangulah. 14. Manguri = pamudharan. 15. Jambaleka = padhang bulan. 16. Panjang jihwa = lidhah dawa. 17. Kandhuruwan = paserenan. 18. Pandêlêgan = panêngkêlan of panênungan. 19. Pasingsingan = sabarangan. 20. Rôngga = wêngku. 21. Dêmang = cêcêkêlan. 22. Ulubalang = pangarêping pacalang. 23. Pakulupan = pamagangan. 24. Pangalasan = tukang alas. 25. Tuwaburu = tukang ambêburu. 26. Gêrma = gêni.

--- 3 : 1338 ---

27. Kirata = kitêr. 28. Pragosa = kêthèk. 29. Kalang kamplong = kalang anggantung (manggon ing ranggon). 30. Kalangbrèt = kalang sibrat (tanpa dunung). 31. Wuruk = kusiring padhati. 32. Panatus, lungguhe 100 karya. 33. Panèkêt, lungguhe 50 karya. 34. Panglawe, lungguhe 25 karya. 35. Umbul, pêpundhèn. 36. Bêbuyut = têtuwa. 37. Adèn-adèn = kaluwihan. 38. Lurah = sêsirah. 39. Patinggi = pamangkat. 40. Bêkêl = tunggu. 41. Paragak = tugu. 42. Sikêp = piranti. 43. Karaman = arahan. 44. Kararahan = wong rena. 45. Ngalambrang = wong nglêmbara. 46. Ngulandara = ngawula awang-awang.

Pranatamôngsa:

zie môngsa.

--- 3 : 1339 ---

Prênjak:

Pituture Sri Trênggana putrine Prabu Brawijaya ing Majapait, kang murtat ing agama Islam, banjur mêrnyanyang ana ing alas Bago (Blitar) marang Jayèngrêsmi (Sèh Amongraga) yèn ana prênjak muni ana:

Kidul, muni barêng nganti suwe: bêcik, ngalamat arêp kadhayohan priyayi.

Kulon, ala, arêp katêkan wong ngajak tukar padu.

Lor, bêcik, arêp katêkan guru, sêsucia.

Wetan, mencok payoning kandhang utawa pagêdhogan, ala, ngalamat arêp kobongan, dèn ngati-ati.

Muni ngubêngi omah bêcik, ngalamat arêp olèh rijêki agung.

Kang ginawe baku omah marêp mangidul.

zie Tjent. I.

--- 3 : 1340 ---

Ing ngisor iki masalah unine manuk prênjak, asung sasmita marang manungsa apa kang bakal tinêmu, kang sayoga tinitenan, yèn asung sasmita ala angati-atia, yèn asung sasmita bêcik sukura ing Pangeran angabulna sasmita mau.

Prênjak, muni ana pojoking omah, ngalamat ala, arêp ana pagêring, wong saomah kambah ing lêlara iku, luput-luput tumêka ing pati, dèn ngati-ati sarta amasanga têtumbal panulaking lêlara mau.

Prênjak, muni angidêri omah nganti têpung gêlang, ngalamat bêcik, arêp olèh dunya suwi tur kalal ingêpèk.

Prênjak, muni ana lor omah ngalamat ala, arêp katêkan dhayoh sumêdya ngapusi, dèn ngati-ati, lor.

Prênjak, muni ana kidul omah, ngalamat arêp kadhayohan priyayi tur sêdyane bêcik, kidul.

Prênjak, muni ana wetan ngomah ngalamat bêcik, arêp katêkan dhayoh ngajak nyambut bawe, tampanana bêcik, wetan.

Prênjak, muni ana kulon omah ngalamat ala, arêp katêkan dhayoh ngajak tukar, dèn ngati-ati, kulon.

--- 3 : 1341 ---

Prênjak Kw.:

hla (= hêla), amuyana, tamuyana, srisatata.

Parinom:

zie gend.

Purnamasidhi:

Ciri purnamasidhi, jaran wulu putih tracak lan matane irêng, watêke bêcik kang ngingu nêmu slamêt, tulus barang kang tinandur, yèn ginawa prang mungsuhe wêdi padha lumayu.

Pêrcowan:

zie gend.

Prêcil:

wangsalan Tjent. ngintir-intir nyaur utang = nicil.

Pararta:

pujôngga êmpu ... zie P.N. no.20, 21, 22, 23, 25 en 26.

Purak:

zie dhatu (2).

Pêrkutut:

zie bêrkutut.

Parikêsit:

zie bathikan.

Pradika Kw.:

wijang, wiji, jarwa.

Pradikan:

zie abdi dalêm kapatihan letl. x. en abdi dalêm pradikan.

Pradapa Kw.:

komala, sêhên, suhun, sêmèn, laksmi zie godhong.

Pradabinabar:

Pangeran ... zie Kudus. no. 3.

Pradôngga:

Kang yasa gamêlan têtabuhaning prang aran: pradôngga, Prabu Kano (= Kanwa).

Prèt:

Prèt iku dumunung ing tanah Eropah, môngsa bangsaning kewan cilik, prèt iku sok malêbu ing êronge têrwèlu, yèn têrwèlune bisa kêcandhak banjur disêrot gêtihe, nganti mati.

Prèt iku wulu lan kulite alus kayadene hèrmêlim lan martêr, sok dianggo rangkêpaning kulambine bôngsa Eropah [Ero...]

--- 3 : 1342 ---

[...pah] ing môngsa bêdhidhing, lan dianggo dhasine para Nyonyah

Pèrèt:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Paretan:

zie reta.

Pèrsi (katuranggan):

Jaran weton Pèrsi iku gêdhe-gêdhe, suri lan buntute angandhan-andhan.

Pêrês:

zie abdi dalêm gêdhong kiwa têngên.

Purus:

zie srandu katuranggan.

Purus:

zie srandu kêbo sapi.

Purasani:

' = karindhu aji. Wêsi purasani, otote kaya watu acih, rupane ijo kaya sambêrlilèn, alus kaya bludru, yèn dithinthing unine: gur, iya iku ratuning wêsi, sapa kang nêmu wêsi iku wis dadi gêgaman, iku saka panggawaning wêsi, watêke tulus kang nganggo, kineringan wong sanagara, ingandêl ing wong akèh, lumintu rêjêkine, gêlis olèh kalungguhan, tulak bilaine kang nganggo, ngluwihi dening ampuhe upasing ula mandi, yèn dianggo pêrang ora ana mimis kang bisa tumama. Pangane: cucuking manuk platuk bawang sabalunge, binakar banjur ginêrus, diwur-wurake lan dhèdhès.

Yèn wong duwe gêgaman wêsi purasani, amêsthi bisa simpên gêgaman wêsi akèh tur bêcik-bêcik, sing mêsthi ora kêna pisah:

1. Kêris wêsi mangang kang wadon 2. Kêris wêsi katum ... iki kang dadi pêpatihe.

3. Tumbak wêsi kamboja, iki bisa nyugihake. 4. Kêris wêsi ambal, iki kang jaga sarupaning wêsi iku mau kabèh.

--- 3 : 1343 ---

Wêsi purasani campur lan wêsi nêm prakara ing ngisor iki kaya ta: campur lan wêsi: ambal, katum, kamboja, sinduaji, wêlulin lan mangangkang wadon, iki ing salah sawijine dadi wêsi bêcik, nanging yèn kamomoran lan wêsi liyane dadi wêsi ala, watêke panas kang kanggonan, ora kêna dianggo ing wong gêdhe.

Purasani en tumpang:

Wêsi purasani campur lan wêsi tumpang, rupane isih kaya wêsi purasani, nanging ijo nyambêrlilèn, yèn dithinthing unine: jung, gur, landhung swarane, yèn ginawe laku dagang utawa têtanèn: nêmu susah.

Purasani en sinduaji:

Wêsi purasani campur lan wêsi sinduaji, rupane ijo sêmu biru, sêrate alus kaya bludru, lan katon mêdèni, yèn dithinthing unine: gung, dhung, ambrangêngêng, iku isih dadi wêsi bêcik, dadia dhapur luk utawa bênêr: watêke golèk kaluhurane kang nganggo, nanging wong arang kang kêlar nganggo, sabab wêsi loro iku barêng campur dadi wêsi ratu, gêdhe wilalate, wong cilik ora kêlar kanggonan, mung wong gêdhe kang kêlar kanggonan, kang mêsthi: ana ing ratu, utawa senapatining pêrang.

Purasani en wêrani:

Wêsi purasani campur lan wêsi wêrani, rupane wungu sêmu biru mêlês, alus kaya bludru, yèn dinêlêng rupane sari, yèn dithinthing

--- 3 : 1344 ---

unine: ming, ngrêng, landhung swarane, watêke ora kêna dianggo ing wong gêdhe, bisa ngolèhake kalungguhan, nanging wusanane nêmu bilai.

Purasani en wêlingi:

Wêsi purasani campur lan wêsi wêlingi, rupane putih sêmu abang, yèn didêmok kasap, yèn dinêlêng sêmu, yèn dithinthing unine: ngêng, gur, watêke dhêmên ginawe laku dagang, nanging tuna.

Purasani en malik:

Wêsi purasani campur lan wêsi malik, iku dadi wêsi ala, rupane biru amêrkutuk, cêkêle kasap, yèn didêlok suwe-suwe katon bagus, nanging banjur ilang cahyane, yèn dithinthing unine: thong gung, dadia dhapur luk, utawa bênêr: yèn ginawe ngawula bêcik ngarêp, ala buri, amarga ana cirine, sabab yèn caturan akèh gorohe, yèn ginawe laku dagang gêlis olèh bathi, nanging iya gêlis êntèk, dèn ngati-ati.

Purasani en mangangkang:

Wêsi purasani campur lan wêsi mangangkang, rupane wungu sêmu biru, sêrate wadhag gilap kaya kaca, yèn didêlêng utawa dicêkêl suwe-suwe katon sêpi, yèn dithithing unine: gur, dhung, landhung swarane, sapa kang nganggo dadi lara, utawa putungan atèn, panas angluwihi, sabab campur wêsi iku dudu jodhone, sarta gêlis dadi putung.

Prasapa:

Prasapane para luhur ing jaman kuna kaya ing ngisor iki:

--- 3 : 1345 ---

a. 1. Kyai Agêng Tarub, putra wayah utawa têdhake ora kalilan nganggo tumbak kêris kang awak waja sarta mangan daging sapi apadene ngingu wong wandhan, zie W.R. 64-5. v.o. nanging ing layang B.T.D. 42-9, muni Radèn Bondhan Kajawan, têdhake ora kêna nganggo kêris pamor malela. 2. Kyai Agêng Sêsela, têdhake ora kêna nganggo bêbêd cindhe, nandur lan mangan waloh, W.R. 65-3. en B.T.D. 77-6. 3. Panêmbahan Senapati Ngalaga, Mataram, têdhake ora kêna nunggang jaran wulu napas, lan jaran kêkoncèn surine = jaran bathilan, apadene mangan ngungkurake lawang W.R. 65-6. en. B.T.D. 101-8 v.o. en 192-7. 4. Sultan Agung, têdhake ora kêna nunggang jaran bêndana, lan nganggo tumbak landheyan kayu wêrgu, apadene ora ingakên darah yèn ora bisa marang têmbang kawi (= gêdhe) W.R. 65-4 v.o. 5. P.B. I. têdhake ora kalilan nunggang gajah W.R. 66-3. 6. Pr.M.R. ing Kartasura, têdhake ora kalilan ngujung astana ing Butuh, lan kêrisan tanpa pêndhok yèn nunggang jaran, W.R. 66-7. 7. P.B. II. têdhake kalarangan mangan apyun W.R. 66 - 4 v.o. 8. P.B. III. têdhake ora kêna mitaya marang wong seje jinis W.R. 67 - 5.

b. 9. Prasapane Radèn Dananjaya, têdhake ora kêna ngambah alas [a...]

--- 3 : 1346 ---

[...las] Krêndhawahana sarta têdhak Mataram ora kêna ngambah alas rami W.R. 67-7 v.o.

c. 10. Prasapa têdhak ing Demak, ora kêna nganggo wulung sarta bêbêd lonthang W.R. 68-1

d. 11. Prasapa têdhak ing Kudus, ora kêna mangan daging sapi, W.R. 68 - 6.

e. 12. Prasapa têdhak Madiun, ora kêna nganggo payung adhandhan abang W.R. 68 - 4.

f. 13. Prasapa têdhak Madura, ora kêna nganggo jarit polèng lan parangrusak W.R. 68 - 5.

g. 14. Prasapa têdhak Sumênêp, ora kêna ajang piring watu, lan ajang godhong plasa, apadene mangan daging kidang W.R. 68 - 8.

Parasdhipang:

zie Dewata.

Purwa:

Wayang purwa iku gamêlane salendro, pananggape mung ing wayah bêngi bae, kajaba kanggo ngruwat tuwin brêsih desa, iku pananggape ing wayah awan, sarta lakone mung siji.

Wayang purwa iku gambar ginawe wujud miring, kang digambar wiwit jamane Bathara Guru, tutug jamane Prabu Jayamijaya ing Yawastina. Kang digambar para jawata, para widadari, para ratu sagarwa putra wayahe, patih, nyai tumênggung loro, panakawaning putra: papat, para nyaining putri: têtêlu, panakawaning pandhita: cantrik, para nyaine: endhang, ratu buta nganggo patih wadon, bupati [bupa...]

--- 3 : 1347 ---

[...ti] buta nganggo panakawan loro, buta dhagêlan rupa-rupa tanpa prabot, ingaran: setanan, gambar kewan, kaya ta: jaran, gajah, macan, kêbo, warak, ula, kewan cilik iya ana sawatara, lan gambar manuk pitik iwèn iya uga ana sawatara, gêgaman kaya ta: gada, bindi, alugora, panah, kêris, nanging tumbak liyane Cêkruktruna: ora ana. Gambaring prajurit kadhapur prampogan, nganggo tumbak, sawênèh nyêkêl pêdhang, asikêp tamèng, nanging kabèh mau mung ginawe gatra bae kagambar dadi siji wujud prampogan mau. Gêgaman cundrik utawa cis, kanggo ing para jawata, utawa pandhita.

Wujuding wayang purwa iku ana limang perangan: 1. Wayang cilik tatahane gayaman. 2. Wayang cilik kang wis salong ana kagêmpur, tatahane ingaran: kidang kêncanan. 3. Wayang padhalangan, mundhak gêdhe tinimbang karo wayang kidang kêncanan. 4. Wayang jujutan sapisan, luwih gêdhe tinimbang karo wayang padhalangan. 5. Wayang jujutan kaping pindho, luwih gêdhe manèh tinimbang karo wayang jujutan sapisan. Wayang ôngka 3, 4, lan 5, iku tatahane kudu gêmpuran, kang katêmbungake: gêmpur, iku corèking jarit, utawa dodot sapêpadhane padha

--- 3 : 1348 ---

...

--- 3 : 1349 ---

ditatah kabèh, apadene praboting wayang, jamang, sumping, kalung, badhong, praba, ulur-ulur, kancing, grudha, rambut, latha, athi-athi, anting-anting, iya kagêmpur kabèh, prasasat tanpa sêla.

Purwaning taun:

zie taun (2) (purwa madya wusana).

Prawan pupur:

zie gend.

Purwacarita:

' = Ajisaka. Kang jumênêng nata ing Purwacarita iya ing Mêndhangkamulan:

1. Prabu Dewata Cêngkar rusuh kaya buta, karsa dhahar wong, sirna dening Ajisaka. 2. Ajisaka banjur jumênêng ratu, ajêjuluk Prabu Widayaka, sarta nagara ing Mêndhangkamulan ingêlih aran: Purwacarita, sinangkalan: catur ilang sirnaning Ratu (1004). 3. Prabu Suwelacala (putra Pêngging mantu Ajisaka) anggêntèni kapraboning marasêpuh, sinangkalan: warnaning mantri luhuring nata (1034). 4. Sri Mahapunggung, sinangkalan: janma suci luhuring ratu ( 1041). 5. Sri Kandhihawan, ajêjuluk Prabu Jayalêngkara, sinangkalan: catur salira kaluhuraning nata (1084).

Prawira:

Kasantosan, kasantikan, kawidigdan, kadigdayan, kanuragan, jaya kawijayan, katêguhan, katimbulan.

Prawiranom:

(= wanengan) zie abdi dalêm letl. e

Prawiranom:

' = wanengan, prajurit jêro.

mayor 1, kaptin 1, irstê litnan 1, twèdhê Litnan 3, wahmistêr 5, bragêdhir 5, trêbis 5, saradhadhu 43, ajudan ondêr upsir 2, poliyêr 1, panambur 2, panylomprèt 2, gunggung 71

Prawirakusuma:

radèn mas arya ... zie Img. no. 181.

Prawirakusuma sêpuh:

fr. zie Img. no. 180.

Prawirakusuma nom:

fr. zie Img. no. 188.

Prawirakusuma:

fr. zie Img. no. 215.

Prawiradiningrat:

radèn mas arya ... zie ratu.

Prawiratênaya:

fr. zie Img. no. 216

Prawirasêmbada (têmbang gêdhe):

laku 12. pêdhotan 5-7 x 2 = 24 x 2 = 48. Voorb.

Narendra Krêsna / pangandikanira ris / sarate iku / pujanên dèn waspada / dadya tan ngawur / kabèh kang wêrit-wêrit / iku dèn eling / ri tumungkul anêmbah //

Prawirawinata:

fr. zie Img. no. 152.

Prawiralalita (têmbang gêdhe):

laku 16 pêdhotan 8-8 x 2 = 32 x 2 = 64 zie girisa. Voorb.

Sangsaya dalu araras / abyor kang lintang kumêdhap / titi sunya têngah wêngi / lumrang gandaning puspita / karêngyaning pudyanira / Sang Dwijawara brangêngêng / lir swaraning madubrôngta / manungsung sarining kêmbang //

Purwarêja:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. c.

Prawirabrata:

fr. zie Img. no. 154.

Prawirèng:

Jogède abdi dalêm prawirèng, nalika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV. kang dianggo kagungan dalêm gamêlan srunèn.

Abdi dalêm prawirèng kèhe 50, gêgamane bêdhil krêbin sarta tumbak balongsong, pagaweane anjogèd rakitan anjajari tayungan nganggo gamêlan urut dalan, yèn bakda baris sarta drèl, têgêse prawirèng = prawira digdaya, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV.

--- 3 : 1350 ---

Purwadiningrat:

II zie P.B.VIII.

Parwata:

zie gunung.

Prawata:

zie gunung.

Prawata:

sunan ... zie Dem. no. 9.

Pruwita:

kyai ... en nyai ... zie Red. no. 1 en 2.

Prawawarsa:

zie taun. Pralambinya kala kakum, ciri mêngkono, jaran wulu abang ciri mungsêr dumunung ing lambe kang dhuwur, watêke galak, angsare panas, gêringan kang ngingu, tôngga têparone sapanyêluk kêtularan gêringan.

Pralambang:

zie lambang.

Paripêksa:

zie Baladewa.

Pradhah:

zie abdi dalêm Kalathèn.

Prajurit:

zie jurit.

Prajurit gunggunganing:

... zie abdi dalêm prajurit letl. m.

Praya:

zie srandu katuranggan.

Praya:

zie srandu kêbo sapi.

Priyantaka:

zie abdi dalêm kaparak kiwa no. 13. Abdi dalêm prajurit priyantaka kèhe 35 kalêbu panèwu mantri sajajare aran: sagolongan, pagaweyane ngampil upacara dalêm bawat sapanunggalane, kaya ta: bawat, payung agung, payung kudhup, bêdhil Kyai Kuthung sarta tumbak palawida rupa-rupa. Anane prajurit priyantaka dhèk jaman Mataram, têgêse priyantaka: wong lanang kang kêndêl ing pati.

Priyêmbada:

zie Img. no. 201.

Para nyai Kw.:

inya, cèthi, kaka-kaka, paricara, parêkan, pariwara, pawongan, padhêkan, manêh, manih.

Paramarta:

jaksa tumênggung ... zie P.N. no. 18.

Pramukanya:

kagêbal zie P.B.III.

Paramakawi (padhalangan):

têgêse: ki dhalang kudu bisa marang têmbung sarta dasanama kawi, kanggo nêgêsi jêjuluking ratu tuwin satriya kang dèn ucapake, sarta wêruh jarwane, en zie pujôngga.

Pêrmadi:

zie Pamade. Wandane: kinanthi, kadung, pangasih sarta pangawe.

Pramada Kw.:

wrata, lèmèk, maar pramoda Kw. ugêr-ugêr, papaku,

Pramudita Kw.:

jagad kabèh

Parêmas (iwak):

Wangsalan Tjent. bênang rukmi = mas.

Paramasastra (padhalangan):

dhalang kudu bisa maca, dadi bisa nyumurupi layang pêpakêm sarta liya-liyane kang kêna ginawe suluk sarta grêgêt saute. Têgêse paramasastra: = pakumpulaning sastra tuwin têmbung, dadi kawajibaning pujôngga, zie pujôngga (1).

Parampara:

zie pandhita (6).

--- 3 : 1351 ---

Pramugari:

zie gend.

Prambanan:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. c.

Adêge kutha Prambanan: 1. Prabu Karungkala sinangkalan: netra sirnaning gapura (902). 2. Prabu Baka (garwane Rara Jonggrang, Rara Jonggrang sadhèrèke Prabu Karungkala) sinangkalan: janma sirna luhuring nata (1001) zie Candhi Sèwu.

Prambanan = Bramanan van Brahmana.

Paramabasa (padhalangan):

Têgêse bisa nandukake têmbunging jawata, rêsi: marang manungsa, tuwin ratu marang putra sêntana, apadene marang wadya punggawa jalu lan wanita lan marang sapêpadhane tuwin kosokbaline, bineda-beda ora ana kang nunggal swara.

Parigêntang:

zie gend.

Pragak:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Pragak (waduaji):

têgêse: tugu, utawa pakah, iya iku kang kabubuhan ambêbênêri prakarane wong cilik ing padesan, lungguhe saparoning bêkêl.

Pragota (padhalangan):

wandane pocol sarta bundhêl.

Pragosa:

(id). Anane Yaksa Pragosa (pindha arca) kang nganggit Sunan Ratu Tunggul, ing Giri.

Pragosa (W.H.) têgêse: kêthèk, iya iku kagolong abdi dalêm kalang, kuwajibane mêmènèk kayu angkêr utawa singit, apadene andandani kagungan dalêm kang bôngsa kayu, kaparingan lungguh bumi desa 100 karya, utawa 25 jung.

Awit saka têmbung: pragosa, araning abdi dalêm kalang: margôngsa utawa margasa, tuwin margosa: bênêre:

--- 3 : 1352 ---

...

--- 3 : 1353 ---

mragosa, têgêse ngêthèk = mènèk. Ananging sarèhning [...] Huruf Jawa: cakra. bisa liru [...]Huruf Jawa: layar. kaya ta: mra (mar) babak enz. dadi aran: margasa, kajaba wis kalumrah, iya wis bênêr.

Prang kw.:

astra, sanjata, sara, wuk, laga, pragola, pupuh, jurit, judhi, yuda, yasa, muk-muk, bôndayuda

Pring:

Ori, apus, ampèl, cêndhani, rampal, kuda, tutul, wuluh, wulung, lêgi, pêting, pêtung, jawa, gêni, gadhing.

Pring kw.:

rosan, rampal, dêling, sambu.

Parong:

zie èbèg

Parangrusak kalithik:

zie bathikan

Parangrusak kagok:

zie bathikan

Purba:

kangjêng ratu ... zie Img. no. 127.

Praba (padhalangan):

Anane makutha praba saka anggite Sultan Pajang zie Adiwijaya.

Prabu:

zie ratu

Prabusèt:

wangsalan Tjent. sangisoring alis.

Prabasuyasa:

zie Prabayasa.

Purbasigala:

prabu ... zie P.N. no. 13.

Prabawa (padhalangan):

wandane pocol sarta gêmbêl.

Prabu Wijaya:

susuhunan ... = Pangeran Bênawa zie P.N. no. 33.

Prabu Wijaya:

radèn ayu zie Kadj. no. 3.

Prabu Prangwadana:

zie Img. no. 90.

Purbaya:

zie Img. no. 61.

Purbaya:

fr. zie Img. no. 62.

Purbaya:

zie Img. no. 112.

Purbayan:

kangjêng ratu saka ... zie Img. no.103.

Prabayêksa:

zie Prabayasa.

Prabayasa (kadhaton):

zie dhatu (35) ambane 91 kaki dawane 135 kaki 6 dim ... adêge jumênêng dalêm P.B.III. sinangkalan: mantri wolu ngrasa tunggal Sengkalan: mantri wolu ngrasa tunggal (1683 A.J., 1757/58 A.D.). (1683) Alip.

Purbayasa:

zie bathikan.

Prabu Mangkurat:

zie Img. no. 57.

Purbangkara:

zie bathikan.

--- 3 : 1354 ---

Parangrusak gêndrèh:

zie bathikan.

Parangrusak barong:

zie bathikan.

Parangkusuma:

zie bathikan. Anane bathikan parangrusak,Seharusnya keterangan ini untuk batik parangrusak, bukan parangkusuma. kang muni ing layang karangane Proffessor Raufaer bab kawruh babad dunya amèk saka rupane manuk Albatras.

Ing tanah Papuwah lan pulo Moloko, ana bangsaning manuk rawa sarta bisa nglangi kayadene mliwis, aran: Albatras bêcik rupane, lare dadi pasrèning panganggo tuwin rêrêngganing omah dalasan gêgamaning prang rinêngga ing êlar iku dening wong ing pulo- pulo mau.

Kacarita Radèn Bondhan Kajawan, putrane Prabu Brawijaya ing Majapait, kang patutan saka putri ing Wandhan (kulit irêng) kagungan karsa nulad rupaning wulune manuk Albatras ginawe bathikan, iya iku anane jarit parangrusak, dadi laranganing panganggone wong cilik. Têmbung: Bondhan = Bandhah Kajawan = Jawa. Bondhan Kajawan trahing bôngsa Bandhah kang lair ing tanah Jawa J.I. 1907 No. 48.

Paringkêlan:

Ing ngisor iki aran sarta têgêsing paringkêlan, kaya ta:

Aryang, ringkêl janma, watêke lalèn.

Wurukung, ringkêl sato, watêke kêlenan.

Paningron, ringkêl mina, watêke kênèng apus.

Uwas, ringkêl manuk, watêke têkabur.

Mawulu, ringkêl wiji, watêke kira-kira.

Tungle, ringkêl godhong, watêke narima.

Pêrang kêmbang (padhalangan):

Kang diarani: pêrang kêmbang: iku pêrang kang nganggo pêpati, sarta wis salin pathêt sanga, nanging ora sabên pêrang kêmbang nganggo pêpati, ana uga lêlakon kang pêrang kêmbange tanpa pêpati, kang mangkono iku sanadyan lungguhe pêrang kêmbang iya kalêbu ing aran: pêrang gagal pindho.

Parungsari (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris parungsari luk 13 kêmbang kacang, lambelambe gajah. loro, jenggot, sraweyan sarta ri pandhan, zie tilamsari (2).

Pringsilan:

zie srandu kêbo sapi.

Pêrang sampak (padhalangan):

Kang diarani pêrang sampak, iku pêrang pungkasan ing wayah esuk, wis salin pathêt panyura, wayang ngalumpuk banjur bubaran tancêb kayon.

Prangwadana:

a. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana (wayah M.N.I.) wayang wong yasane kang eyang kabubarake, dalasan [dalasa...]

--- 3 : 1355 ---

[...n] marang topèng-topèng ora rêmên, malah ana kang kalakon topengan ing pandhapa Mangkunagaran, lagi wêtune Kalana anjogèd kiprah, dibêdhil pacar wutah marang Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, saiba wonge kang dipacar wutah olèhe anjola, wiwit iku bubare wayang wong ing Mangkunagaran.

b. Sabubare wayang wong ing Mangkunagaran, banjur diimpu marang nyonyah Walônda ing Lojiwetan, kalumpuke nganti ana wong sawidak, adêging wayange ora kurang wong 52, niyagane wong 12, nanging wayang wong mau kabèh padha nganggo topèng sarta nganggo wandaning wayang purwa, sinangkalan: tanpa guna pandhitaning praja = 1730.Sengkalan: tanpa guna pandhitaning praja (1730 A.J., 1803/04 A.D.).

Parangwèsthi:

zie bathikan.

Parangjara:

zie abdi dalêm wadon no. 46.

Pringga:

pangeran ... zie K.G. no. 42.

Paranggônda:

zie bathikan.

Pringgadipura:

radèn ngabèi ... zie Kretje no. 6.

Pringgakusuma:

zie Img. no. 160.

Pringgitan:

zie ringgit.

Pringgawinata:

radèn ayu ... zie Kretje. no. 5.

Pringgalaya I:

Kangjêng pangeran arya ... putra dalêm P.B.IV. (Bagus) sarta ingkang putra, Pangeran Arya Pringgalaya II padha sumare ing Krecekan (Kartasura) zie Kretje. no. 1 en 2.

Pringgalaya:

patih adipati ... (zie P.B.II.) en 44.

Pringgalaya:

Radèn adipati ... pêpatih ing Kartasura wêkasan, sarta pêpatih ing Surakarta wiwitan (P.B.II 8 t. en P.B.III. 8 t) iku putra Arya Pringgalaya: Gale, Pangeran Wirapratignya = Arya Martakusuma, Pangeran Tumênggung Balitar, Pangeran Adipati Balitar, Panêmbahan Juminah, Panêmbahan Senapati Ngalaga ing Mataram. Zie patih no. 16.

--- 3 : 1356 ---

Prang gagal:

Kang diarani prang gagal iku prang kang tanpa pêpati, isih pathêt nêm sabubaring jaranan, ananging ora sawiyah lakon ana prange gagal, kang pancèn ora ana prange gagal iya mung prang kêmbang bae, yèn wis salin pathêt sanga ing wayah bêngi.

Prangbakat:

zie wuku.

Pêkih Ibrahim:

pangulu ... zie P.N. no.44 en zie P.B.II.

Pokoh:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. b

--- 3 : 1357 ---

Pakualam:

Kadipatèn Pakualaman, kang jumênêng sapisan: 1. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam I. (1740) putra dalêm H.B.I. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam II (1757) putra P.A.I. 3. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Suryasasraningrat = P.A.III (1787) putra P.A.II. 4. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Suryasasraningrat = P.A.IV (1793) wayah P.A.II ingkang rama pambajênge kang eyang: seda ngrumiyini. 5. Kangjêng Pangeran Arya Suryadilaga, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam V (1807) putra P.A.II. 6. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam VI (1830) putra P.A.V. 7. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga = P.A.VII (1836) putra P.A.VI mantu dalêm P.B. X.

--- 3 : 1358 ---

Pakualam:

kangjêng gusti pangeran adipati ... zie K.G.no.44.

Pakuningrat:

kangjêng pangeran arya ... putra P.B.IX zie Img.no.210.

Pakuningrat:

zie bathikan.

Pakanjunan:

zie Mamênang.

Pêkak (katuranggan):

Ing ngisor iki arane pêkakane wong nunggang jaran, kaya ta: a. Ganggêng kanyut, iku pêkakaning jaran kang andhêging wong kang nunggang isih karasa kaya kajlungup, dadi pêkakan ganggêng kanyut mau nelakake yèn jaran lagi anyak bisa nyirig. b. Genggong singadarpa, iku pêkakan kang andhêging jaran anjêgèg mangiwa, sikile buri mêndhak, iku jaran kang wis andadi sirige. c. Genggong samaduna, iku pêkakan kang andhêging jaran sikile buri ambarêngi lan kêpyaking kêndhali, jaran dipêkak andhêge wis anggenggong samaduna mau jaran sing wis gambuh sirige.

Pêkik (padhalangan): [(...]

--- 3 : 1359 ---

[...padhalangan):]

Nalika Pangeran Ratu Pêkik, ing Surabaya, ambabarake caritane layang Damarwulan, dianggit dadi wayang krucil, tanpa kêlir, mung katanggap ing wayah awan, tabuhane rêbab, saron, kêthuk, kênong, kêndhang, kêmpul, gêndhinge mung siji ingaran: playon bango-bango mati, pathêtan lan grêgêt saute laras miring, lan têmbang kang kanggo ing kidung, wayang mau sumrambah dadi tanggapane para kawula cilik, sinangkalan: swara misik marga tunggal = 1557Sengkalan: swara misik marga tunggal (1557 A.J., 1635/36 A.D.).

Pakis:

1. zie Sel no. 11 en 12, 2. Wangsalan Tjent. nora ngrêmbugi = ambêkis.

Pakis kidul:

nyai agêng zie Sel. no. 12.

Pakis lor:

nyai agêng zie Sel. no. 11.

Paksi anjalipatna:

zie bathikan.

Puksur:

Têtêngêring prang ing jaman kuna aran puksur, dhapure sairib trêbang utawa tambur, tabuhe kayu zie kala.

Puksur:

araning ricikane gamêlan Kyai Pradôngga.

Pêksi rênggapuspita:

zie bathikan.

Pêksi krêsna:

zie bathikan.

Pêksi kuwung:

zie gend.

Pêksi srimpi:

zie bathikan.

Pêksi bayan:

zie gend.

Pakwalang:

zie srandu kêbo sapi.

Pakèl:

1. wit., 2. wangsalan Tjent. kang ambêsiwit = ngrèngkèl.

Pokal:

1. zie wit (gêdhang).

Pakulupan (waduaji):

têgêse pamagangan, kuwajibane [kuwa...]

--- 3 : 1360 ---

[...jibane] wênang ngêrèhake para pamagangan kabèh, kaparingan lungguh bumi desa 125 karya, utawa 31 1/16 jung.

Pok lidhah:

zie srandu kêbo sapi.

Pok pêncu:

zie kênong.

Pakêpung:

taun 1717 kacêkêle Bahman, Wiradigda sarta Kandhuruwan, sinangkalan: sirnaning mantri kaswarèng janma (1730)Sengkalan: sirnaning mantri kaswarèng janma (1730 A.J., 1803/04 A.D.). Jimakir.

Pakaja:

zie trate.

Pakêm:

zie rèh letl. j.

Pakêm:

zie kêndhali.

Pakêm:

zie srandu kêbo sapi.

P.B.I:

' = Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Paku Buwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ing Kartasura, garwa dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana. Budhale saka Samarang:

[Asmaradana]

sumrêg kang bala lumaris / bidhale saking Samarang / asri tinon gêgamane / akèh warnane kang bala / wong sabrang lan wong Jawa / swarane atri gumuruh / kadya ombaking samodra //

tuhu yèn ratu linuwih / têrah narendra utama / kèdhêp kang wadyabalane / ratu ambêk paramarta / putra ing Ngèksigônda / lêlana andon prang pupuh / anglurugi Kartasura //

bisikanira narpati / Susunan Paku Buwana / prawira pêkik warnane / tuhu .yèn ratu utama / lêlana adikara / nitih kuda ulês gêmpung / binusanan abra muncar //

Jumênêng ing Samarang 1628. Jumênêng ing Kartasura 1629. Prajanjian karo Kumpêni 1630.

P.B.I:

zie P.N. no. 41.

P.B.I:

zie Img. no. 56. en Kangjêng Ratu Paku Buwana no.

P.B.II:

Garwa dalêm Kangjêng Ratu Mas, saka Kapurbayan.

Wiyosan dalêm ing dina Salasa Pon tanggal kaping 19 sasi Sawal, wuku Mrakèh windu Sêngara taun Jimakir ôngka 1634.

Barêng yuswa 17 taun, jumênêng nata, nuju ing dina Sênèn Paing tanggal ping 6 sasi Sura wuku Wukir windu Kunthara taun Alip ôngka 1651.

Jumênêng nata olèh 16 taun, kèngsêr marang Panaraga, iya iku dhèk jaman Pacina, nuju ing dina Sêtu Wage wayah lingsir kulon, tanggal ping 27 sasi Rabingulakir taun Alip ôngka 1667.

Kondur dalêm saka ing Panaraga nuju ing dina Jumungah Lêgi tanggal ping 15 sasi Sawal isih tunggal taun Alip mau, etung 7 sasi kondur.

--- 3 : 1361 ---

Pindhah kadhaton marang ing Surakarta nuju ing dina Rêbo Paing wayah esuk, tanggal ping 17Sengkalan: sirnaning mantri kaswarèng janma (1730 A.J., 1803/04 A.D.). sasi Sura, wuku Landêp windu Sancaya taun Je ôngka 1670.

Surud dalêm nuju ing dina Ngahad Kaliwon tanggal ping 10 sasi Sura wuku Julungpujut, windu Adi taun Alip ôngka 1675. Dadi lagi yuswa 41 taun.

Sajrone gêrah nuju pêrang gêdhe pangramane ingkang rayi Pangeran Mangkubumi (= M.B.I) Ingkang Sinuhun kaaturan sèlèh marang ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (P.B.III) muni ing layang Babad Giyanti kaya ing ngisor iki:

[Dhandhanggula]

dêlèr prapta lungguh marêpêki / sri narendra datan angandika / dêlèr asru ing ature / tuwan sunan pukulun / gêrah tuwan ta kadipundi / yèn sampun tan kabangkat / inggih sang aprabu / anuntên paduka pasrah / ing karaton dhatêng putra paduka ji / pangeran adipatya //

Kalakon ingkang sinuhun sèlèh kaprabon marang ingkang putra Pangeran Adipati Anom, ana tanggal ping 4, surud dalêm tanggal ping 10 Sura Wawu 1675. Dadi mêningi jumênênge ingkang putra: sajrone santêring gêrahe: 7 dina.

P.B. II:

a. Jumênêng dalêm ing Kartasura, karsa yasa wayang purwa, wayang kang padha anduwèni wônda, dipêpaki wandane, wayang wadon liyêpan kajait, wayang lanyapan dêdêge sangkuk, wayang sumpingan kiwa kang pancèn wandane rangkêp kaya ta: Buta Raton, [Ra...]

--- 3 : 1362 ---

[...ton,] utawa liya-liyane, sanadyan dudua wayang sumpingan, yèn anduwèni wônda rangkêp, iya padha kaganêpan wandane. Kacarita Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan karsa ngasta nyorèk lan natah piyambak, dene abdi dalêm panatah kang ngladèni wong têtêlu, Carmapangrawit, Carmajaya lan Gôndapangrawit, mung buta lan kêthèk isih lêstari mata loro, sarta karsa yasa Buta Murgan kang minôngka sangkalan, irunge kaya terong kopèk, mata siji tangan loro, nganggo kêris warôngka gayaman, ing padhalangan diarani: Buta Congklok, nanging wong akèh padha ngarani: Buta Terong, unining sangkalan: buta lima ngoyak jagad = 1655.Sengkalan: buta lima ngoyak jagad (1655 A.J., 1730/31 A.D.).

b. Tumuli karsa mangun kagungan dalêm wayang gêdhog Kyai Banjêt, wayang lanang wadon kang padha anduwèni wônda: dirangkêpi wandane, ngirib wandaning wayang purwa, kaya ta: Kalana, Panji, Gunungsari sapanunggalane, kang minôngka sangkalan gambar Bathari Durga nganggo kulambi sarta sêpatu lan nganggar pêdhang, nanging dêdêg pangadêge isih ambajujag kaya wayang purwa Kyai Pramukanya, unining sêngkalan: gana yaksa orêging praja = 1656Sengkalan: gana yaksa orêging praja (1656 A.J., 1731/32 A.D.).

c. Tumuli karsa yasa wayang krucil, kang ginawe kayu, wujude mirib yasane Pangeran Ratu Pêkik, ing Surabaya, dhèk jaman Mataram, wandane mirib wayang gêdhog, tangane walulang, busanane padha kayadene wayang gêdhog, mung wayang wadon sampuran sarta ngore rambut, tanpa

--- 3 : 1363 ---

...Hal 1363 - 1383 kosong.

--- 3 : 1384 ---

gêlung lan ora nganggo buta, kêthèk sarta dewa, mung nganggo pandhita bae, kaparingan gambar sangkalan: kayon ing têngah sinungan kori, ing dhuwur kori panah kaplawungake: têlu sisih, unining sangkalan: trus naratas rêtuning jagad = 1659. Sengkalan: trus naratas rêtuning jagad (1659 A.J., 1734/35 A.D.). Yèn kagêm ing karaton tabuhane kaya wayang gêdhog, sasuluk lan gêndhinge, barêng wis antara lawas, para dhalang padha nganggo wayang krucil, sumrambah ing ngêndi-êndi padha niru gawe wayang krucil, kang ginawe kayu, tangane walulang, banjur lumrah ingaran: wayang klithik, têtabuhan sasuluk gêndhinge ora owah isih kaya dhèk jaman Mataram.

Karangane: Rms. P. Kusumawardaya.

zie rancakan, zie sêkar gadhung, zie Sêmarmêndêm, zie P.N. no. 34. zie Img. no. 63.

P.B.III.:

Garwa dalêm.

1. Kangjêng Ratu Kêncana kendhang, kakondurake marang Madura.

2. Kangjêng Ratu Kêncana (Bêruk).

Wiyosan dalêm ing dina Sêtu Wage tanggal ping 27 sasi Ruwah, wuku Môndhasiya, windu Kunthara taun Be ôngka 1656.

Barêng yuswa 19 taun, jumênêng nata, nuju ing dina Sênèn Wage [Wa...]

--- 3 : 1385 ---

[...ge] tanggal ping 4, sasi Sura wuku Môndhasiya, windu Adi taun Alip ôngka 1675.

Ingkang rama isih sugêng sajroning gêrah: 7 dina seda.

Jumênêng olèh 39 taun seda, nuju ing dina Jumungah Pon tanggal ping 4 sasi Bêsar wuku Prangbakat, windu Adi taun Jimakir ôngka 1714. Dadi yuswa 58 taun.

P.B.III. (padhalangan):

a. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, karsa anggêbal wayang purwa Kyai Pramukanya, sarta wayang gêdhog Kyai Banjêt, sarampunge sinangkalan: trus rêsi kawayang tunggal = 1679.Sengkalan: trus rêsi kawayang tunggal (1679 A.J., 1753/54 A.D.). Wiwit wêktu iku yasan dalêm wayang purwa sarta gêdhog, ora nganggo sangkalan gambaring wayang, mung katulis ing aksara bae.

b. Tumuli karsa yasa wayang kalithik, babon yasan jaman Kartasura, kang ginawe kayu mêntaos, kayu jaran, kayu pancal kidang lan liya-liyane, garane iras balimbingan têlu, prabote: dodotan, clanan, nganggo jamang, kalung, kroncong, padha ingukir, kang kadhawuhan anglakokake abdi dalêm dhalang ing kapatihan aran Widiguna.

c. Dhèk samana dhalang ing desa akèh kang padha niru gawe wayang klithik, nanging kang ginawe kayu kêmiri utawa sêntul, lan ora kaukir, mung kapêtha ing

--- 3 : 1386 ---

pulas bae. Mungguh wujud lan cêcangkokane wayang klithik mau kagawe miring kayadene wayang walulang.

d. Tumuli karsa yasa topèng wandane mirib kayadene wayang purwa, kang ginawe kayu mêntaos, kang dikarsakake anggarap abdi dalêm tukang gawe aran Robyong sarta Mothi. Mangkono manèh karsa nganggit angganêpi lêlakoning topèng, sinangkalan: song-songing wayang tunggal = 1699.Sengkalan: song-songing wayang tunggal (1699 A.J., 1773/74 A.D.).

Karangane Rms. P. Kusumawardaya.

zie kancil bêlik. zie slênthêm. zie larasati. zie gambang gôngsa. zie P.N. no. 45. zie Img. no. 93.

P.B.IV.:

Garwa dalêm.

1. Radèn Ayu Adipati Anom, barêng ingkang raka jumênêng nata, nama Kangjêng Ratu Kêncana saka Madura (pêputra P.B.V.), nanging ora tutug banjur seda.

2. Kangjêng Ratu Kêncana uga saka Madura (pêputra P.B.VII.) iku kaprênah ingkang rayi piyambak, dadi Ingkang Sinuhun krama ngarangulu ipe nèm.

Wiyosan dalêm ing dina Kêmis Wage tanggal ping 19 sasi Rabingulakir, wuku Watugunung, windu Sêngara taun Je ôngka 1694. [1694...]

--- 3 : 1387 ---

[....] Barêng yuswa 20 taun, jumênêng nata, nuju ing dina Sênèn Paing tanggal ping 28 sasi Bêsar wuku Kulawu, windu Adi taun Jimakir ôngka 1714. Jumênêng olèh 33 taun, seda nuju ing dina Sênèn Paing tanggal ping 23 sasi Bêsar wuku Mrakèh, windu Kunthara taun Alip ôngka 1747. Dadi yuswa 53 taun.

P.B.IV (padhalangan):

a. Jumênêng dalêm nalika taun 1714 karsa yasa wayang purwa babone Kyai Mangu, kang kakarsakake natah wayang sumpingan kiwa têngên: Carmapangrawit, Gôndapangrawit, wayang dugangan, ricikan, dhagêlan sapanunggalane Carmadôngsa, Carmajaya sakancane wong nênêm, lan nimbali abdi dalêm dhalang-dhalang ing desa Palar aran Sadôngsa kakarsakake natah Bathara Guru, wandane: Karna, barêng dadi kaparingan aran: Kyai Jimat, sinangkalan: dadi warna pandhita raja = 1714.Sengkalan: dadi warna pandhita raja (1714 A.J., 1787/88 A.D.).

b. Tumuli karsa yasa wayang purwa manèh, babone Kyai Kanyut, kajujut padha lan Kyai Jimat, nanging diundhaki gêdhening dêdêge, wayang katongan padha makuthan, wandane rangkêp- rangkêp, wayang wadon kajujut kapantês gêlung lan prabote, sarta yasa blencong mamas kacithak carate loro, barêng wayang wis dadi kaparingan aran: Kyai Kadung. Dhèk samana [sama...]

--- 3 : 1388 ---

[...na] yèn karsa ngringgit, para putra sêntana sarta abdi dalêm wadana kaliwon, padha ingandikakake saos bêkti nonton: sarimbit. Kacarita nganti têkan ing jaman saiki ora ana wong kang bisa yasa wayang jujutan angèmpêri kaya Kyai Kadung; sanadyan para dhalang sumurup marang Kyai Kadung: amêsthi gawok, awit wayang jujutan kasawang karo wadonane isih katon sèbêtan, kaya wayang kang durung dijujut, luwih manèh tantinge ora môntra yèn wayang wis jujutan ping pindho, saking prayoganing panggarape, sêmbada lan gapite, sinangkalan: gana karna giri nata = 1726.Sengkalan: gana karna giri nata (1726 A.J., 1799/00 A.D.).

c. Tumuli karsa yasa wayang gêdhog dalah gamêlane, babone wayang Kartasura, mung kaowahan gêlung lan prabote beda karo kagungan dalêm wayang purwa, dêdêg pangadêge kagawe anggribig, babone isih ambajujag, abdi dalêm panatah isih Carmapangrawit, Gôndapangrawit sakancane. Lan ana karsa dalêm muwuhi pakêm wayang purwa lan wayang gêdhog. Sarampunge yasan dalêm mau, wayang kaparingan aran: Kyai Dewakatong, sinangkalan: tanpa guna pandhitaning praja = 1730.Sengkalan: tanpa guna pandhitaning praja (1730 A.J., 1803/04 A.D.).

d. Tumuli karsa yasa wayang manèh, babone wayang Kadipatèn, dijujut mung sawatara, prabote katongan kaya Kyai Kadung, bareng wis rampung kaparingake marang ingkang putra Kangjêng Pangeran Angabèi (= P.B. VIII)

--- 3 : 1389 ---

barêng lan kagungan dalêm wayang Kyai Kanyut, kaparingake marang ingkang putra Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Kyai Mangu: marang Kangjêng Pangeran Arya Natapura, sinangkalan: janma guna kuncarèng praja = 1731.Sengkalan: janma guna kuncarèng praja (1731 A.J., 1804/05 A.D.).

e. Tumuli andhawuhake larangan kaya ing ngisor iki:

1. Palêmahaning wayang duwèke para abdi dalêm, utawa wong cilik, apadene bôngsa sabrang, ora kêna ingêcèt irêng, awit iku padha palêmahane kagungan dalêm wayang.

2. Plangkan gamêlan ora kêna ingukir modangan, sarta ora kêna ingêcèt kang dhasare ijo.

3. Pêpangkatane wong nanggap wayang: 1. Yèn ana ing karaton lêkas tanpa talu. 2. Yèn putra sêntana sarta abdi dalêm wadana kaliwon: nganggo talu. 3. Yèn panèwu mantri sapangisor, nganggo talu sarta nganggo pucukan, kalakone dhawuh timbalan dalêm mangkono mau nalika taun 1741. Dièstokake tutug jumênêng dalêm P.B.IX taun 1790.

Karangane Rms. P. Kusumawardaya.

zie nagajenggot. zie calêmpung letl. b. zie kumitir. zie kuthawindu. zie senggol.

--- 3 : 1390 ---

zie windusana. zie pangasih. zie gunturmadu. zie baung. zie P.N. no. 46. zie Img. no. 100.

P.B.V:

Garwa dalêm. 1. Radèn Ayu Adipati Anom (putrane Radèn Mas Adipati Jayaningrat) barêng ingkang raka wis jumênêng nata kaangkat nama Kangjêng Ratu Mas, sasedane ingkang raka kapunjung nama marang ingkang putra: P.B.VI ajêjuluk Kangjêng Ratu Agêng. 2. Radèn Ayu Adipati Sêpuh (putrane Radèn Mas Arya Kusumadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya Kaliabu) barêng ingkang raka wis jumênêng nata kaangkat nama Kangjêng Ratu Kêncana.

Wiyosan dalêm ing dina Anggara Kasih (Salasa Kliwon), tanggal ping 5 sasi Rabingulakir, wuku Tambir, windu Adi, taun Dal ôngka 1719. Barêng yuswa 29 taun, jumênêng nata, nuju ing dina wiyosan dalêm Anggara Kasih tanggal ping 2 sasi Sura, wuku Môndhasiya, windu Adi, taun Ehe ôngka 1748. Jumênêng lagi olèh 2 taun: seda, nuju ing dina Jumungah Kliwon wayah awan, tanggal ping 28 sasi Bêsar wuku Tolu, windu Adi taun Je ôngka 1750. Dadi yuswa 31 taun. zie P.N. no. 47. zie Img. no. 98.

--- 3 : 1391 ---

P.B.VI:

Garwa dalêm. 1. Kangjêng Ratu Kêncana, putra Kangjêng Pangeran Adipati Angabèi (= P.B.VIII) pêgat ora pêputra, asmane kalungsur nama Kangjêng Ratu Bêndara, barêng kang rama jumênêng nata kasalinan nama Kangjêng Ratu Kadhaton. 2. Kangjêng Ratu Mas, putrane Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi I (kendhang) (pêputra P.B. IX) sajumênênge nata ingkang putra pinunjung nama Kangjêng Ratu Agêng. 3. Kangjêng Ratu Madurêtna, putrane Kangjêng Pangeran Arya Adinagara I putra dalêm P.B.III. 4.Kangjêng Ratu Anèm, putrane Radèn Mas Arya Adipamênang, Pangeran Arya Balitar II. id I. putra dalêm P.B.II.

Wiyosan dalêm ing dina Ngahad Wage tanggal ping 18 sasi Sapar, wuku Warigalit, windu Sancaya taun Je ôngka 1734. Barêng yuswa 17 taun, jumênêng nata, nuju ing dina Sênèn Kaliwon tanggal ping 1 sasi Sura wuku Warigalit, windu Adi taun Dal ôngka 1751. Jumênêng 6 taun, kendhang marang Ambon, nuju ing dina Kêmis, windu Sêngara, taun Jimawal ôngka 1757. Kendhang olèh 20 taun, seda, sumare ana ing Ambon, nuju ing dina Ngahad Pon tanggal ping 12 sasi Rêjêp wayah jam 5 esuk, wuku Dhukut, windu Kunthara, taun Wawu ôngka 1777. Dadi yuswa 43 taun, kang putra (no. 2. bov.) durung jumênêng nata, isih nama Kangjêng Gusti Pangeran Prabu Wijaya. zie P.N. no. 48.

--- 3 : 1392 ---

P.B.VII:

Garwa dalêm. 1. Radèn Ayu Adipati Purbaya, putrane Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi I (kendhang) barêng kang raka jumênêng nata kaparingan nama Kangjêng Ratu Kêncana. 2. Kangjêng Ratu Pakubuwana saka Madura, krama sawise jumênêng nata.

Wiyosan dalêm ing dina Kêmis Wage wayah esuk, tanggal ping 16 sasi Sura, wuku Julungpujut, windu Sêngara taun Alip ôngka 1723. Barêng yuswa 34 taun, jumênêng nata anggêntosi putra kaponakan (P.B.VI.) nuju ing dina Sênèn Wage tanggal ping 22, sasi Bêsar, wuku Môndhasiya, windu Sêngara, taun Jimawal ôngka 1757. Jumênêng olèh 29 taun: seda, nuju ing dina Sênèn Lêgi wayah jam satêngah rolas awan, tanggal ping 27 sasi Pasa, wuku Watugunung, windu Kunthara, taun Jimakir, ôngka 1786. Dadi yuswa 63 taun.

Karangane Rms. Suwita. zie P.N. no. 49. zie Img. no. 193 en Kangjêng Ratu Pakubuwana no.194. zie gamêlan, genootschap.

P.B.VIII:

Garwa dalêm, Radèn Ayu Ngabèi seda sumare ing astana Lawiyan, barêng kang raka jumênêng nata sêkarane kaangkat nama Kangjêng Ratu Pakubuwana VIII. Wiyosan dalêm ing dina Sênèn Kaliwon wayah esuk, tanggal ping 25 sasi Rêjêp, wuku Wayang, windu Kunthara, taun [ta...]

--- 3 : 1393 ---

[...un] Alip ôngka 1715. Barêng yuswa 71 taun, jumênêng nata, nuju ing dina Sênèn Pon tanggal ping 4 sasi Sawal, wuku Sinta, windu Kunthara taun Jimakir ôngka 1786. Anggêntosi ingkang rayi (P.B.VII). Jumênêng olèh 4 taun: seda, nuju ing dina Sêtu Wage tanggal ping 25 wayah jam satêngah têlu awan, sasi Jumadilakir taun Je ôngka 1790. Dadi yuswa 75 taun. zie P.N. no. 50. zie Img. no. 192.

'(Padhalangan)

a. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, karsa kalangênan topengan ana ing kori Talangpatèn, sarta karsa yasa topèng angganêpi yasan Singasarèn kang padha kêtriwal, kang dikarsakake anggarap Radèn Mas Panji Jayawidagda sarta Radèn Tumênggung Purwadiningrat II. Bupati kaparak têngên, kang wis misuwur kapintêrane ngukir, iku dikarsakake gawe topèng balane Klana Bacingah buta lan manungsa, barêng wis dadi andadèkake parênging karsa dalêm, awit salawase durung ana Buta Cakil topèng wandane padha karo Buta Cakil wayang purwa, sing kêlumrah Buta Cakil topèng iku lambene kang ngisor: nonong, lambene kang dhuwur: copèt, iki ora mêngkono, yèn disawang saka ngiringan wis nyamlêng kaya buta cakil sabrangan duwèke Dêmang Rêdisuta.

--- 3 : 1394 ---

Lan manèh gone gawe Buta Terong, nunggal babone karo Buta Terong duwèke Dêmang Rêdisuta, tancêbing irung tuwin gumandhule apa dene gêdhene ing pucuk, jèblês kaya babone mau.

Kang Mangkono iku nuwuhake panggagas yèn wayang purwa iku têtela babone: arca. Saiki bae wayang purwa miring yèn dibalèkake paraupane methok ora owah kaya wandaning babone.

Apadene manèh ênggone nyilikake Patih Ujung Sabata, bisa padha karo topèng kang akèh-akèh, panganggone iya mung dicakot bae, mangka ing kuna ora mêngkono, nganggo dirangkêpi canthelan utawa tampar, iya awit saka gêdhening topèng.

b. Tumuli ana karsa dalêm nganggit busananing topèng, dodot, clana, rapèk, kathok panji-panji. Bala sabrangan nganggo udhêng gilig, kulambi kotang, sumping, gêlang, kalung, kêlat bau, kroncong, uncal sondhèr, pênding. Yèn buta nganggo kulambi cukèn, kang punuk: buri gulon digawèkake punukan, nganti tumêka saiki.

Karangane Rms. P. Kusumawardaya.

P.B.IX:

Garwa Dalêm, Kangjêng Ratu Pakubuwana, putrane Kangjêng Pangeran Harya Adiwijaya saka garwa Kangjêng Ratu Bêndara, putri dalêm P.B.VIII pêputra P.B.X. sasedane Kangjêng Ratu Pakubuwana, ingkang Sinuhun ngunggahake garwa paminggir: Radèn Rarasati, putrane Radèn Mayor Apanji Puspawinata, Radèn Tumênggung Sasrawijaya

--- 3 : 1395 ---

bupati kalang, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sumare ing Ngimagiri, nama nunggaksêmi Kangjêng Ratu Pakubuwana, sajumênêng dalêm P.B.X namane kapundhut, kaparingan salin nama Kangjêng Ratu Madurêtna.

Wiyosan dalêm ing dina Rêbo Kliwon tanggal ping 7 sasi Rêjêp, wuku Galungan, windu Sêngara, taun Je ôngka 1758. Barêng yuswa 32 taun, jumênêng nata, nuju ing dina Sênèn Lêgi tanggal ping 27 sasi Jumadilakir, wuku Sungsang, windu Sêngara taun Je ôngka 1790. Anggêntosi ingkang eyang P.B.VIII. Jumênêng olèh 32 taun: seda, nuju ing dina Jumungah Lêgi tanggal ping 27 wayah jam 6 esuk, sasi Ruwah taun Je ôngka 1821. Dadi yuswa 64 taun.

zie Sêmar Ngigêl. zie gong: sakatèn irêngan. zie P.N. no. 51. zie Img. no. 207 en kangjêng ratu no. 206.

P.B.X.:

Garwa dalêm, Kangjêng Ratu Pakubuwana, putrine Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Wiyosan dalêm ing dina Kêmis Lêgi tanggal ping 21 sasi Rêjêp, wuku Wugu, windu Sancaya, taun Alip ôngka 1795. Yuswa 3 taun, jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Yuswa 25 taun, krama. Barêng yuswa 27 taun, jumênêng nata, nuju ing dina Kêmis Wage tanggal ping 12 sasi Pasa, wuku Madhangkungan, windu Sêngara taun Teks asli tidak ada. Halaman ini diambil dari fotokopi alih aksara Sanabudaya. [tau...]

--- 3 : ... ---

[...n] Je ôngka 1821.

Kanthi ascaryaning kalbu / sanggyaning kang Hrêtyapati / Surakarta Adiningrat / prasamya saeka kapti / mahargya asma narendra / Iswara Jêng Sribupati //

Kontap ngumalambêk sadu / misuwur cakraning bumi / Sinuhun Jêng Susuhunan / Pakubana Senapati / ing Ngalaga Ngabdurrahman / Sayidin Panatagami //

Mandhiri kaping sapuluh / kumandhuring ordhê saking / Nèdêrlansên Leyo sarta / grup Opsiring Ordhê ingKurang satu suku kata: grup Opisiring Ordhê ing. / Oranyê Nasao sarta / grut Krising Ordhê saking //

Kamboja lan malihipun / groet Krèising Krun Ordhê ing / praja gung nagari Siyam / tanapi grut Opisiring / Leyo Pol Ordhê Bèlginya / saha Genêral Mayoring //

Wadyabala sangumulun / sira Jêng Waramahisi / nagari gung ing Nèdêrlan / akadhaton têlêng nagri / Surakarta Adiningrat / sêsotya pakuning bumi //

Ing mangke malih pikantuk / kaluhuraning asma ji / pisungsunging pawong mitra / saking Eropah nagari / Bèiyêrên tanah Dhitslan / Ridêr twèdhê klassê saking //

Indhê Komnêngênlèkê ur / dhê pan dhêr disntênê pan sin / Mihsaèl ing Bèiyê Ditslan / marga sanggyaning wadya ji / gumulung manaukaramanadukara. / nêkakkên sukaning ati //

Mugi Kangjêng sang aprabu / tulus siniwihèng dasih

...3 halaman kosong tanpa nomor halaman.

--- 3 : 1396 ---

Srêpêgan.

[Sinom]

sasinome kang rinasa / anggagas lumahing bumi / kang wus dèn goni manungsa / lan kang wus padha mangarti / pranatanira sami / ing satanah- tanahipun / mawa kapara-para / binagi kang ngawasani / andarbèni apa ing pamêdalira //

lan mêngkoni samudaya / barang kang samya umancik / ing bumi kawasanira / wênang anata sakapti / anane jaman mangkin / mèh tan wontên siwahipun / ing tata myang pranata / bumyèku binagi kalih / kang saduman ran praja saduman desa //

samono uga kang janma / anane binagi kalih / jênêng luhur kang saduman / saduman aran janma lit / luhur binagi kalih / kêkalih pandumanipun / siji ratu ingaran / kalih ran punggawa mantri / yèku samya manggèn gêlênganing praja //

janma lit binagi uga / sadaya pinara kalih / saduman bôngsa mong dagang / saduman bôngsa mong tani / mong dagang apêpanti / nèng praja miwah ing dhusun / miturut kang dinagang / lumakune kang lêstari / de mong tani iku dêdunung ing desa //

mungguh kang jênêng narendra / yèku sapa kang darbèni / bagiyaning pangawasa / ing bumi sabilik-bilik / dene punggawa mantri / yèku wargane sang prabu / myang janma kang pinatah / pinarcaya ing sang aji / anindakkên apa ing kawasanira //

kang aran bôngsa mong dagang / janma kang samyandarbèni / pakaryan acandhak kulak / tansah mardi pamèt bathi / mungguh bôngsa mong tani / janma kang sami amungkul / ambudi ing pakaryan / kaasilan saking bumi / miwah saking tumandanging ati badan //

anglaras kaananira / kadi kang gumêlar sami / dadi luhur iku padha / wajib mêngkoni ing alit / kang alit iku wajib / sumurup ngaup kang luhur / lumrah sapramudita / marma bêcik dèn elingi / kang supaya sumingkir dhiri ngrêsula //

--- 3 : 1397 ---

Kangge gerong gêndhing Montro.

[Kinanthi]

kanthi môngka cihnanipun / wong agung kêrêp sêsanti / ribêt ribênging wardaya / rudatin miwah prihatin / uruting nalar kaandhar / wiwitan tumêkèng tapis //

tan sajuga ananipun / kang wasana warni-warni / ana kang dadya mar-êmar / ana kang jalari tis-tis / ana dadi cuwa gêla / myang ana wêkasan sêrik //

mêsgul gêtun lan kaduwung / yèku kang miyosing lathi / mungguh kang katon ing nitya / sêmu mêsum utawandik / sêrêng grêngsêng lawan biyas / sring sêmu sumèh tur manis //

lamun solahbawanipun / sawêtu kawuryan nglêntrih / sawêtu rèrèh alêlah / swara nglamat sêrêt ririh / kêrêp angunjal usaswa / tan kêndhat gumêrêng aris //

sawêtu asambat ngadhuh / puyêng sarira marinding / sawêtu apriyang-priyang / myang panas winoring atis / mawa tinulung usada / ingupakara binudi //

ing sawêtu katon nglumpruk / datan kawawa umijil / tansah mêmpên nèng patilam / trakadhang sarira aring / sêgêr tandange aringas / bakuh sêmu mitayani //

mangkono malih ngaluhur / sring ngandika kang binukti / amijang paran rinasa / ana kang kaladuk manis / kaladuk asin myang kamla / pêdhês miwah tungtung pait //

ana kang datanpa tuntungtungtung. / rasane lugu maligi / ana kamantyan sarasa / yèku samudaya dadi / môngka tandhane tan siwah / janma gêng lawan janma lit //

anglaras kaananipun / tinitah agêng myang alit / mungguhing rasa tan beda / kalamun pinikir-pikir / kang beda mung sêsawangan / kang tanpa rasa nglabêdi //

--- 3 : 1398 ---

Ladrang Asmaradana, salendro pathêt manyura.

kasmaran dera umaksi / samudaya gancarira / janma gêng alit wajibe / kadi ingkang wus winêdhar / mangke rinasa-rasa / kalaras-laras ing kalbu / mawa liniling winijang //

janma luhur iku dadi / kagawa karêping dunya / mêsthi lan kudu anane / nora bisa datan ana / marga kang saupama / tanpa kang ginawe luhur / kadiparan dadyanira //

sapa ingkang anulungi / marang janma lit sadaya / yèn lara ati badane / datan wurung kasangsara / wit rusuh tanpa tata / sapa kuwat dadi unggul / tan kêndhat apôncakara //

mêsthi kèh anêmu pati / sakêdhik kang sami gêsang / lamun mangkono anane / apa padha kasênêngan / malah mandar ta baya / muhung susah kang tinêmu / kasarakat tanpa arja //

samono uga janma lit / wus karêping kang buwana / tan kêna sinêpèkake / amarga lamun tan ana / sapa bakal inagnya / tumandang karya sadarum / sabarang ingkang kinarsan //

lan sapa kang ngaji-aji / miwah sapa kang mêmulya / wit sadaya dadi gêdhe / marmanta lamun ginagas / janma lit iku môngka / praboting kang janma luhur / sajroning jagad wiryawan //

dene jaman luhur sami / minôngka pikukuhira / kang tinitah alit kabèh / dadi kalamun mangkana / agêng alit tan pisah / marma ywa dhiri kang luhur / alit ywa ngrêsulèng nala //

Kangge gerong gêndhing SmaradanaHalaman ini sama isinya dengan hal. 1397.

--- 3 : 1399 ---

Kangge gerong gêndhing Montro.

[Kinanthi]

kanthi môngka cihnanipun / wong agung kêrêp sêsanti / ribêt ribênging wardaya / rudatin miwah prihatin / uruting nalar kaandhar / wiwitan tumêkèng tapis //

tan sajuga ananipun / kang wasana warni-warni / ana kang dadya mar-êmar / ana kang jalari tis-tis / ana dadi cuwa gêla / myang ana wêkasan sêrik //

mêsgul gêtun lan kaduwung / yèku kang miyosing lathi / mungguh kang katon ing nitya / sêmu mêsum utawandik / sêrêng grêngsêng lawan biyas / sring sêmu sumèh tur manis //

lamun solahbawanipun / sawêtu kawuryan nglêntrih / sawêtu rèrèh alêlah / swara nglamat sêrêt ririh / kêrêp angunjal usaswa / tan kêndhat gumêrêng aris //

sawêtu asambat ngadhuh / puyêng sarira marinding / sawêtu apriyang-priyang / myang panas winoring atis / mawa tinulung usada / ingupakara binudi //

ing sawêtu katon nglumpruk / datan kawawa umijil / tansah mêmpên nèng patilam / trakadhang sarira aring / sêgêr tandange aringas / bakuh sêmu mitayani //

mangkono malih ngaluhur / sring ngandika kang binukti / amijang paran rinasa / ana kang kaladuk manis / kaladuk asin myang kamla / pêdhês miwah tungtung pait //

ana kang datanpa tuntungtungtung. / rasane lugu maligi / ana kamantyan sarasa / yèku samudaya dadi / môngka tandhane tan siwah / janma gêng lawan janma lit //

anglaras kaananipun / tinitah agêng myang alit / mungguhing rasa tan beda / kalamun pinikir-pikir / kang beda mung sêsawangan / kang tanpa rasa nglabêdi //

--- 3 : 1400 ---

Wani-wani pelog pathêt nêm

[Gambuh]

ing sawusira gambuh / nyumurupi katêranganipun / wêwijangan wajibe janma gêng alit / kang wus kawuryan ing dangu / dadya samangke rinaos //

yèn tan prayoga tuhu / ambêg dhiri tumraping ngaluhur / myang ngrêsula tumrap tyasira ing alit / marga têgêse amêngku / panjang gancare kang raos //

têmbung amêngku iku / bokmanawa jukuk purba wêngku / wêngku iku pikuwat tumraping pinggir / yèn bundêr saubêngipun / yèn mujur uruting paos //

kalamun mirid iku / darbe rasa janma kang wus luhur / môngka dadi pikuwating janma alit / marma kapriye ngaluhur / yèn darbe dhiri ing batos //

pikuwat têgêsipun / dudu pikuwat tumraping wujud / anging tumrap pikuwat sajroning ati / pikuwating ati iku / yèku piandêling batos //

andêling nala iku / pitayaning ati raosipun / datan ana sumêlang sajroning pikir / marga sing karêksanipun / ing badan miwah ing batos //

ing badan tumrapipun / kênèng lara wit pandamêlipun / saking sato miwah saka ing sêsami / myang saka hawaning wêktu / dene kang tumraping batos //

pinulung darbèkipun / dening liyan kang srana pangipuk / srana mêksa myang srana alampah sandi / yèku ta gumêlaripun / têmbung amêngku kang raos //

dene têmbung sumusup / miwah têmbung angaup puniku / kang sumusup pamêndhêtira manawi / patrape janma malêbu / rêrungkut ingkang ngarongkob //

mawa anêkuk lambung / dhadha gulu myang sirah andhingkluk / dene ngaup mêndhêt pratingkahing janmi / kênèng soroting kang rawyu / nêdya oncat supadya yom //

dene ta têgêsipun / kang minôngka rêrungkut ngaluhur / de karêpe ibarat wau pra alit / kudu nungkul mring kang luhur / susila têrus ing batos //

mungguh têgêse ngaup / kang minôngka pangayomanipun / yèku para janma luhur kang mêngkoni / panasing rawi puniku / laraning badan myang batos //

karêping têmbung iku / laranira ing badan myang kalbu / kudu sambat mring ngaluhur kang mêngkoni / minta têtulunganipun / sirnaning lara rinaos //

sawusira dèn ulur / nalarira gumêlar sadarum / kadi priye janma lit ngrêsulèng ati / marga wus pranatanipun / sajagad sami kang raos //

--- 3 : 1401 ---

Srêpêgan.

[Dhandhanggula]

kang sayoga supayantuk manis / rèhning anane rasa tan beda / dadya lit kalawan gêdhe / kadi kang wus dèn ulur / wêwijangan kawiji-wiji / sarta amawa tôndha / lir kocap ing dangu / samangke ginagas-gagas / prayogane kang gêdhe aywambêk dhiri / kang alit ywa ngrêsula //

marma dhiri ngaluhur tan yogi / marga saking panêmuning nala / dhirèku ing mangartine / kang madêgkên gungipun / solahbawa saari-ari / datanpa kalamôngsa / myang papan kang patut / miwah tan amawang nalar / têpa-têpa duga prayoga tan mawi / yèku dhiri warnanya //

de ngrêsula marma lit tan yogi / marga saking warnane ngrêsula / kang rasa ngêsah atine / mawa kaworan napsu / bêbukane datan darbèni / wiji sabar narima / ing sajroning kalbu / marang sabarang linakyan / lawan sanggya sabarang tinêmwèng dhiri / yèku aran ngrêsula //

sawusira gumêlar kang dadi / wijangane dhiri lan ngrêsula / kadi ing wau anane / ing mangke dayanipun / tyas ngrêsula myang ambêk dhiri / nglaras kang wus kalakyan / ambêg dhiri iku / ngrakêtkên ing watak êdak / ladak siya datan wêlasan ing budi / gumunggung miwah ewan //

agumape sanggyaning pakarti / tyas sungkanan myang panasbaranan / darêngki srèi panastèn / adoh prayitnèng kalbu / tan sujana miwah tan titi / tangèh tyas paramarta / lan tyas ambêg sadu / myang datan rumêksèng liyan / tan rumêsêp marang samaning dumadi / adigung kumawasa //

tyas ngrêsula dayanta anarik / maring watak kang kurang raharja / myang watak irèn lan mèrèn / tanapi sêlang surup / kaba-kaba sanggyaning wajib / ngoso ing solahbawa / tan trêpsilèng lungguh / rêngu marênguting naya / rêna rakêt ing tindak rêncanèng budi / adoh nala prasêtya //

--- 3 : 1402 ---

Kinanthi.

kanthi pamêksaning kayun / kayuyun dera mahapti / lumaksana ing paminta- / nira kang punggawa mantri / kang sami miji madana / rinèh sang anindya mantri //

myang sanggyaning para wadu / pratiwanira pribadi / samya kadêrêng ing sêdya / angwêdharakên pamuji / kang mijil sucining driya / ing kangjêng sri narapati //

supadi brasthèng sêsiku / nir diksura murang krami / lan mrih datanpa rêringa / sandeyèng tyas awêwigih / marmanta sinawung têmbang / lêlagon anuting gêndhing //

dènya sami mêmudya yu / mêminta marang Hyang Widhi / tan lyan amung muga-muga / gusti kangjêng sri bupati / pinanjangna ingkang yuswa / prasidha lulus basuki //

winantu kamulyanipun / myang kaharsayaning galih / kasambadan ing sakarsa / rêncana rubeda kalis / tumrah ri Sang Padniswara / wêkaja putra lan putri //

tanapi raharjanipun / myang tata têntrêming nagri / ayêm saisining praja / barang kang tinandur dadi / murah sandhang lan baksana / dinohkên saliring wèsthi //

titi pamahyaning kayun / ing ngarinira marêngi / Rêspati Manis candrama / ping salikur Rêjêp Alip / pralampitaning Isaka / mudyarcana ngèsthi aji //

yèku ta ari panuju / wiyosan jêng sri bupati / Pakubwana ping sadasa / kalamun etangan Jawi / ingaran tumbuk sapisan / yuswa tri dasa dwi warsi //

--- 3 : 1403 ---

Ayak-ayakan salendro pathêt panyuramanyura.

[Mijil]

sring kawijil pangiraning alit / kinarya mong-omong / mendah ayême wong dadi gêdhe / ing sabarang karsanira dadi / bandhane ngalèbi / tan kuciwèng kayun //

ing saparan tansah manggih aji / dèn èdhêp sapakon / tan sajuga nywalani kaptine / angidhupuh sadaya anangkil / mêmundhi mêmuji / ing kamulyanipun //

kang mangkono pangiraning alit / yêktine marojol / sira wruha lugune tan pae / gêdhe cilik padha andarbèni / bungah sênêng sêdhih / gêtun lan kaduwung //

cuwa gêla êmar samar sêrik / kabèh kang karaos / jroning ati iku sêsamane / tan prabeda kang karasèng kulit / otot balung daging / atanapi sungsum //

kaya adhêm panas kêri risi / kêju linu ngêthok / kêmêng cumlêng pêgêl pêpadhane / sênut-sênut sumêngkrang gumriming / sayah payah nglêntrih / lêsah miwah lêsu //

lawan uga rasa pait lêgi / asin pêdhês aor / kêcut gêtir sêpêt sêsamane / samudaya rasane ing alit / tan siwah sawiji / tumraping aluhur //

--- 3 : 1404 ---

Ayak-ayakan pelog pathêt barang

[Pocung]

sarwi mucung panglarasira ing kalbu / riwusnya waspada / myat sanggya kawuryèng ngarsi / kang puwara anuwuhakên panyana //

janma ruhur tan gampang pakaryanipun / miwah tan aringan / sanityasa siyang ratri / amêmikir budaya angarah arja //

kang tumanduk marang sanggyaning tumuwuh / ing jagad wiryawan / kang sami dipun wêngkoni / ywa sajuga nêmwèng tiwas pangrêncana //

marmanipun ywa samya ge ngirèng kalbu / ayêming wardaya / mring aluhur kang mêngkoni / bêcik padha amanjangakên pangrasa //

yêkti lamun sawusing rinasa tuhu / mandar iku baya / kathah ayême janma lit / marga muhung ngupaya sandhang myang boga //

ugêr tuwuk kêbaking udharanipun / myang ugêr anyandhang / kang bangkit nutupi warjiparji. / wus tan ana rinasa jroning wardaya //

tanpa nanggung barang kang dudu bèkipun / lan datan kajibah / laraning badan sasami / ugêr waras ing badanira priyangga //

dêstun namung tumrap kulawarganipun / pinikir rinasa / sumêla nêsêl sumêling / anging uga sarampunging raganira //

pae luhur raganing liyan rumuhun / sampurnaning liyan / lagi kang dhiri pribadi / myang wandawa iku gumolong ing raga //

dene luhur tan nêdya nindaki iku / kabèh kang kacêtha / wajibe sawiji-wiji / yèku janma dadi luhur durung wignya //

uga lamun janma lit sumêdya nanggung / myang nêdya rumêksa / marang darbèking sasami / nadyan amung sawatara wus utama //

sadayèku minôngka katranganipun / kalamun tan beda / sotyaning tyas gêng myang alit / nèng buwana tan amung ayêm kewala //

iku ngumum sabên ngaurip puniku / waras lara darwa / myang bungah sêdhihing ati / datan sirna yèn tan oncat atmanira //

--- 3 : 1405 ---

Kangge gerong gêndhing clunthang.

[Maskumambang]

mung kumambang prayoganirèng ngaurip / paran kang tumiba / ing raga tanapi galih / marga wus lakuning jagad //

kudu ana kang dadya gêng miwah alit / karone tan pisah / bêbulêtan siyang ratri / myang kudu rêksa-rinêksa //

pêpêthikan saking caritèng Ngarabi / duk ing jamanira / Kangjêng Nabi Musa nguni / ana sawijine raja //

kang jumênêng laladan tanah Arabi / Pirngon namanira / ing satanah Atasangin / tan ana ingkang nyênyama //

bôndha bandhu santosa badan myang budi / kajèn kaèringan / ing nata liyan nagari / misuwur sajagad traya //

datan ana sajuga kang nêdya wani / kêkês miris ing tyas / kyèh kang samya atur bêkti / nungkul tan pinukul ing prang //

salamanta tumuwuh sri narapati / tan nate sapisan / roga myang sarira nglêntrih / puyêng miwah priyang-priyang //

parandene tan jênjêm sotaning galih / tansah ngôngsa-ôngsa / malah nêdya mangerani / saisining jagad traya //

nuju môngsa sawiji sri narapati / siniwèng punggawa / pujôngga pandhita rêsi / pêpêg anèng ngabyantara //

prabu tanya marang sang anindya mantri / paran wartanira / para nata liyan nagri / apa maksih darbe sêdya //

amapaki kaluhuranirèng aji / myang kang sêdya lawan / ngandêlkên surèng ajurit / nêmbah sang nayaka waktra //

alon matur pukulun kangjêng dewaji / sing midhangêt amba / myang aturing para têlik / pranata ing ngarcapada //

wus tan wontên sawiji nêdya nyênyami / kawibawan nata / tanapi tan wontên siki / nêdya ngabên surèng rana //

tanpa bayu sêkunging tyas manganjali / miwah amêmitran / dèrèng dumugi sang patih / aturira ing sang nata //

sang pandhita sumêla matur ring aji / pukulun sang nata / cumanthaka ulun gusti / pun patik atur uninga //

kawulanta pandhita mangke puniki / mariksani kitab / panujumanira sami / kalamun môngsa punika //

--- 3 : 1406 ---

mêngsah tuwan kang yun ngasorkên sang aji / maksih nèng wêtêngan / ing warsa punika lair / jalu pêkik warnanira //

dupi myarsa sang nata kagyating galih / sigra aparentah / marang sang rêkyana patih / angundhangkên ing sapraja //

miwah tanah kang kawêngku ing sang aji / sarupaning janma / kang darbe suta bêbayi / kang lair warsa punika //

tuwin sagung pawèstri lagya garbini / samasa umahya / jêjalu kang jabang bayi / age prasamya pinatyan //

lamun ana kang boya ngèstokkên sami / pinidana lena / saking wasesaning aji / ing sakulagotranira //

mantrimuka lumèngsèr ngarsèng narpati / sigra aparentah / kadi karsa sang siniwi / wus umum ing sanagara //

kêkêsing tyas jalma jalwèstri prasami / susah tansah ngêsah / tintrim sapraja mar tistis / myarsa undhanging narendra //

tan kawarna tambuh solahing kang janmi / enggaling carita / kalakyan karsèng narpati / pra bayi jalu pinatyan //

mung sawiji pawèstri ingkang garbini / bangkit sêsingidan / kongsi lair kang bêbayi / priya anging gya binuwang //

winadhahan kandhaga linabuh kali / kang milir kadhatyan / bêbayi anut ing warih / sumarah jog dhatulaya //

anujoni pramèswarining sang aji / nèng têpi narmada / uninga kandhaga nuli / ngagya ing cèthi acandhang //

gya pinundhut binuka isi bêbayi / karsanta sang rêtna / piniara myang piningit / nèng taman jroning puraya //

enggalira carita kang jabang bayi / lastari raharja / dumlundung kalis ing sakit / longgor kadi ingububan //

narèswara nadyan uninga sang sori / wus karsèng Pangeran / sang nata datan andalih / mandar kapilayu trêsna //

yèku Nabi Musa diwasaning wanci / angasta agama / jêjuluk Kalamolahi / dadi Rusuling Pangeran //

myang ngasorkên ing Pirngon Sri Narapati / marma yèn ginagas / janmèki yèn wus pinasthi / dening Hyang Kang Mahanasa //

rinekaa binudia warni-warni / tan wande kalakyan / apa tinamtuning dhiri / kabêgjan lan kasangsaran //

samalihe rinasa pinikir-pikir / ayêming manungsa / tan lyan katêmuning ati / manggon nèng sabar narima //

[Pangkur]

kapungkur dêrênging cipta / arsayèng tyas antuk sarana jati / derarsa mudyastawa yu / ing gusti sri narendra / mêdharing rèh saarsa rasaning kalbu / kang lumèngkèt ing jiwita / mrasuk saranduning dhiri //

karana rênaning prana / kalaraban nugrahèng narapati / mangkana sotaning kalbu / sanggyaning pra pratiwa / duk pinardi mardawa pudyarcana yu / anèng made pawatangan / pasewakanira sami //

sumungku sukaning driya / makidhupuh aglar amôncaniti / rêragan sajuru-juru / wayah kang taranggana / parêng mimba sumêbar anamu-namu / ing ari merang tumingal / sêrênging kalandaragni //

tidhêming surya diwasa / wijah wijah tumpêk parêng sumiwi / nganti wijiling sitangsu / kang ayun sinewaka / mangrênggani ratrining Rêspati Madu / salikur lèking candrama / Rêjêp Alip kang lumaris //

Wugu jroning masa Naya / dwijawara nêmbah ngèsthi narpati Sengkalan: dwijawara nêmbah ngèsthi narpati (Respati Madu, 21 Rejeb 1827 A.J., Kamis 16 Desember 1897 A.D.). / ing ari mangke panuju / wiyosan jêng iswara / tumbuk ingkang yuswa tri dasa dwi taun / marma sagung wadyabala / satata mudya sêsanti //

mugi jêng sri naranata / winantua nugrahanirèng Widhi / karênan susun tumimbun / myang ayuning sarira / kotamanta kontap dènira mêmayu / prajendra ing Surakarta / amêngku kamulyan lêwih //

kaonang-onang ing jana / amumpuni ulah kridhaning nagri / ambêk mantanira nulus / sudibya sudagnyana / dumadia sudarsananirèng wadu / yayah wimbaning basônta / dera martani sabumi //

prabawaning rèh sunyata / anumusi martaning bumi-bumi / milu tangi nêdya ayu / rumagang mamrih arja / mawèh jiwa saniskara kang tumuwuh / wimbuh puspa tarupala / anêdhêng tumaruna sri //

rambah sruning puja môntra / mugi-mugi Jêng Sri Wara Mahisi / kasidèn ingkang kinayun / raharja winidada / sumawana pra narpa putra sawêgung / dinohna salir rêncana / dinulur ayuning budi //

tatas gatining lukita / apuwara sanggyaning brêtyapati / karêmès kasukan nutug / sêsanti bawa swara / wêdharing kang wursita linuding kidung / ladrang pangkur paripurna / mrih purna pranawèng kawi // Tembang Pangkur halaman ini sama dengan hal. 1406.

--- 3 : 1407 ---

kapungkur dêrênging cipta / arsayèng tyas antuk sarana jati / derarsa mudyastawa yu / ing gusti sri narendra / mêdharing rèh saarsa rasaning kalbu / kang lumèngkèt ing jiwita / mrasuk saranduning dhiri //

karana rênaning prana / kalaraban nugrahèng narapati / mangkana sotaning kalbu / sanggyaning pra pratiwa / duk pinardi mardawa pudyarcana yu / anèng made pawatangan / pasewakanira sami //

sumungku sukaning driya / makidhupuh aglar amôncaniti / rêragan sajuru-juru / wayah kang taranggana / parêng mimba sumêbar anamu-namu / ing ari merang tumingal / sêrênging kalandaragni //

tidhêming surya diwasa / wijah-wijah tumpêk parêng sumiwi / nganti wijiling sitangsu / kang ayun sinewaka / mangrênggani ratrining Rêspati Madu / salikur lèking candrama / Rêjêp Alip kang lumaris //

Wugu jroning masa Naya / dwijawara nêmbah ngèsthi narpatiSengkalan: dwijawara nêmbah ngèsthi narpati (Respati Madu, 21 Rejeb 1827 A.J., Kamis 16 Desember 1897 A.D.). / ing ari mangke panuju / wiyosan jêng iswara / tumbuk ingkang yuswa tri dasa dwi taun / marma sagung wadyabala / satata mudya sêsanti //

mugi jêng sri naranata / winantua nugrahanirèng Widhi / karênan susun tumimbun / myang ayuning sarira / kotamanta kontap dènira mêmayu / prajendra ing Surakarta / amêngku kamulyan lêwih //

kaonang-onang ing jana / amumpuni ulah kridhaning nagri / ambêk mantanira nulus / sudibya sudagnyana / dumadia sudarsananirèng wadu / yayah wimbaning basônta / dera martani sabumi //

prabawaning rèh sunyata / anumusi martaning bumi-bumi / milu tangi nêdya ayu / rumagang mamrih arja / mawèh jiwa saniskara kang tumuwuh / wimbuh puspa tarupala / anêdhêng tumaruna sri //

rambah sruning puja môntra / mugi-mugi Jêng Sri Wara Mahisi / kasidèn ingkang kinayun / raharja winidada / sumawana pra narpa putra sawêgung / dinohna salir rêncana / dinulur ayuning budi //

tatas gatining lukita / apuwara sanggyaning brêtyapati / karêmès kasukan nutug / sêsanti bawa swara / wêdharing kang wursita linuding kidung / ladrang pangkur paripurna / mrih purna pranawèng kawi //

--- 3 : 1408 ---

P.B.X.

Pratelanipun putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping sadasa kakung tuwin putri.

1. Kangjêng Ratu Alit. 2. Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat. 3. Bandara Radèn Ajêng Prêgiwati, seda. 4. Bandara Pangeran Angabèi. 5. Bandara Pangeran Arya Kusumayuda. 6. Bandara Pangeran Arya Natapura. 7. Bandara Radèn Ayu Adipati Jayanagara. 8. Bandara Radèn Mas Sutandar, seda. 9. Bandara Pangeran Arya Natabrata, seda. 10. Bandara Pangeran Arya Adiwijaya. 11. Bandara Radèn Ayu Adipati Suryadilaga. 12. Bandara Radèn Ayu Tôndhanagara, seda. 13. Bandara Radèn Ayu Prawiradiningrat, seda. 14. Bandara Pangeran Arya Suryabrata. 15. Bandara Radèn Ayu Natapraja. 16. Bandara Radèn Ayu Padmanagara. 17. Bandara Radèn Mas Irawan. 18. Bandara Pangeran Dêmang Tanpanangkil, seda. 19. Bandara Radèn Ajêng Susmardinah, seda. 20. Bandara Radèn Ajêng Kusmartaniyah, seda. 21. Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat. 22. Bandara Radèn Mas Rohkyalun. 23. Bandara Radèn Mas Subêkti. 24. Bandara Radèn Mas Sujana. 25. Bandara Radèn Ajêng Kus Indinah.

1. Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah. 2. Radèn Ayu Wimbarukmi, sampun kawêdalakên. 3. Radèn Riya Suwônda. 1. Radèn Ayu Mandayarêtna. 2. Radèn Ayu Rêtnapurnama. 3. Radèn Riya Mandayaprana. 4. Radèn Ayu Rêtnapurnama. Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah. Radèn Rêgarukmi, seda. Radèn Ayu Sitarukmi. 5. Radèn Ayu Rêtnapurnama. 6. Radèn Ayu Sêtyarukmi. 7. Radèn Kumudarukmi. 7. Radèn Pandamrukmi, seda. 8. Radèn Gôndarini, sampun kawêdalakên. 9. Radèn Susilarukmi, sampun kawêdalakên. 8. Radèn Kiranarukmi, seda. 9. Radèn Kaliwon Adisana. 10. Radèn Padmarini, sampun kawêdalakên. 11. Radèn Kumudarukmi. 12. Radèn Ayu Pujarukmi, seda. 10. Radèn Trangganarukmi. 11. Radèn Ayu Tejarukmi. 12. Radèn Purnamarukmi. 13. Radèn Rênggarukmi, ingkang kaping kalih.

--- 3 : 1408b ---

26. Bandara Radèn Mas Sunata, seda. 27. Bandara Radèn Ajêng Kus Napsiyah. 28. Bandara Radèn Ajêng Kus Salbiyah. 29. Bandara Radèn Mas Sutrêsna, seda. 30. Bandara Radèn Mas Sanityasa. 31. Bandara Radèn Ajêng Kus Mangani. 32. Bandara Radèn Ajêng Kus Ngaimah. 33. Bandara Radèn Ajêng Kus Ngaisah. 34. Bandara Radèn Mas Sudira. 35. Bandara Radèn Ajêng Kustarinah. 36. Bandara Radèn Ajêng Kusmartinah. 37. Bandara Radèn Mas Sutijab. 38. Bandara Radèn Ajêng Kuspiyah. 39. Bandara Radèn Mas Sahid. 40. Bandara Radèn Mas Susatya. 41. Bandara Radèn Ajêng Kusrinah. 42. Bandara Radèn Mas Sangadi, seda. 43. Bandara Radèn Ajêng Kusmaknawiyah. 44. Bandara Radèn Mas Ngaliman, seda. 45. Bandara Radèn Ajêng Kustrinah. 46. Bandara Radèn Ajêng Kustrini. 47. Bandara Radèn Ajêng Kusdinah. 48. Bandara Radèn Mas Subandana. 49. Bandara Radèn Mas Suninta. 50. Bandara Radèn Mas Kasan. 51. Bandara Radèn Mas Kusèn.

13. Radèn Côndrarukmi. 14. Radèn Purnamarukmi. 15. Radèn Trangganarukmi. 14. Radèn Mandayarini, sampun kawêdalakên. 15. Radèn Rênggarukmi, ingkang kaping kalih. 16. Radèn Côndrarukmi. 17. Radèn Ayu Tejarukmi. 18. Radèn Côndrarukmi. 16. Radèn Pradaparukmi. 19. Radèn Côndrarukmi. 20. Radèn Purnamarukmi. 17. Radèn Pandamrukmi, ingkang kaping kalih. 21. Radèn Susilarukmi, sampun kawêdalakên. 18. Radèn Côndrarukmi. 19. Radèn Suprabarini, sampun kawêdalakên. 22. Radèn Susilastuti. 20. Radèn Sudamarukmi. 23. Radên Côndrarukmi. 21. Radèn Kiranarukmi, ingkang kaping kalih. 24. Radèn Susilarukmi, sampun kawêdalakên. 25. Radèn Ajêng Kaliwon Ruwiyastuti. 26. Radèn Pandamrukmi, ingkang kaping kalih. 22. Radèn Kiranarukmi, ingkang kaping kalih. 23. Radèn Sumintarukmi. 24. Radèn Suprabarukmi. 25. Radèn Suprabarukmi.

--- 3 : 1408c ---

52. Bandara Radèn Mas Suyitna, seda. 53. Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah. 54. Bandara Radèn Ajêng Kusduryatinah. 55. Bandara Radèn Mas Suranta.

26. Radèn Pandamrukmi, ingkang kaping kalih. 27. Gusti Kangjêng Ratu Êmas. 28. Radèn Kiranarukmi, ingkang kaping kalih. 27. Radèn Suprabarukmi.

...9 halaman kosong tanpa nomor halaman dan teks.

--- 3 : 1408d ---

[Kinanthi]

kanthi ascaryaning kalbu / sanggyaning kang brêtyapati / Surakarta Adiningrat / prasamya saeka kapti / mahargya asma narendra / iswara jêng sri bupati //

kontap ngumalambêg sadu / misuwur cakraning bumi / Sinuhun Jêng Susuhunan / Pakubana Senapati / Ing Ngalaga Ngabdurahman / Sayidin Panatagami //

mandhiri kaping sapuluh / komandhuring ordhê saking / Nèdêrlansên leyo sarta / grup opisiring ordhê ing / oranyê nasao sarta / grutkrèising ordhê saking //

Kamboja lan malihipun / grutkrèising krun ordhê ing / praja gung nagari Siyam / tanapi grut opisiring / leyopol ordhê Bèlginya / saha general mayoring //

wadyabala sangumulun / sira jêng para mahisi / nagari gung ing Nèdêrlan / akadhaton têkèng nagri / Surakarta Adiningrat / sêsotya pakuning bumi //

ing mangke malih pikantuk / kaluhuraning asma ji / pisungsunging pawong mitra / saking Eropah nagari / Bèiyêrên tanah Ditslan / ridêr twèdhê klasê saking //

Indhêkonêngên lêk êkur / dhêpan pêrdhinstên pêpansin / migèèl ing BèiyêBèirên. Ditslan / marga sanggyaning wadya ji / gumulung manadukara / nêkakkên sukaning ati //

mugi kangjêng sang aprabu / tulus siniwi ing dasih ...

Padon mripat Kw.:

ujungan, sanira, wuringa, padyaksi.

Padurêksa:

jaksa tumênggung ... zie P.N. no. 8.9. en 10.

Padaringan:

1. Zie abdi dalêm wadon no. 18, 2. Isarat: dinokokan kalungsu sarta kacang wose (Dèwi Sri).

Padaringan kêbak:

zie gend.

Padusan:

sunan ... zie wali no. 14.

Padmanagara:

zie Sinompradapa.

Padmadipura:

radèn ayu ... zie Img. no. 119.

Padmadipura:

radèn ayu ... zie Img. no. 123.

Padmadipura:

radèn ayu ... zie Img. no. 139.

Padêmung taun 1598.

Padang:

(= pawon) zie abdi dalêm kapatihan letl.p.

Padangon:

Dangu, Jagur, Gigis, Kerangan, Nohan, Wogan, Tulus, Wurung, Dadi zie Dangu.

Padangan:

sadulur lima, lanang papat, wadon siji. P.R.I. 197-(28).

Pati Kw.:

antaka, ajal, surud, seda, lina, lalis, pralina, pralaya, palastra, padhês, pêjah, ngêmasi.

Pête:

1. zie wit, 2. Pêtêt, 3. Wangsalan Tjent. marga kang binuntu = pêpêt.

Pitu:

(W.H.) mirit saka sap-sapaning bumi pêpitu dadi etung 7.

Putu Kw.:

honoka, talitra, sunaya, srawaja, sutangsa, siwaya, wancaya, wêkaja, wayah putraka zie anak.

Patah:

(= Sultan Dêmak I) 1. Zie Dem no. 1. 2. zie Dem no. 2. 3. zie P.N. no. 26. 4. Anane pangantèn nganggo patah saka agama Wisnu P.R.II. 27-6 v.o.

Patih Kw.:

anindyamantri, adipati, nataradya, nayakawaktra, rakyanapatih, rakryanmapatih, rêkyanapatih of patya, rakyanmapatih, senapati, mantriwisesa, mantrimuka, mantrimukya, mangkupraja, mangkubumi

Patih:

Wiwite ana patih zie ratu

--- 3 : 1409 ---

Ing ngisor iki pratelane para panjênêngan pêpatih sarta kang nêrahake. Wiwit karaton ing Dêmak tutug karaton ing Surakarta.

1. Tumênggung Mangkurat (18 t. Sul. Dem. I. 5. II. 2. en III. 11 t.) putrane: Kyai Agêng Wanalapa, Susuhunan Ngatasangin, Sèh Makdunnilkubra, Sèh Makdumilkubra, Sèh Jumadilkabir, Sèh Jumadilkubra. 2. Adipati Wanasalam (22 t. Sul. Dem. III.) putrane: Tumênggung Mangkurat zie 1 bov. 3. Adipati Môncanagara (33 t. Sul. P.) putrane: Arya Jombaleka, Aryaleka, Arya Jaranpanolih Adipati ing Sumênêp, Prabu Brawijaya V. 4. Adipati Môndaraka (12 t. Panemb. Sen. 4. smr.Kr. 8 t.) putrane: Kyai Agêng Sungèb, Pangeran Madepandhan, Kyai Agêng Wanasaba, Radèn Lêmbupêtêng. Prabu Brawijaya V. 5. Pangeran Manduranagara (11 t. smre Kr. 2. Sul. H. 9 t.) putrane: Adipati Môndaraka zie 4 bov.

--- 3 : 1410 ---

6. Tumênggung Singaranu Patih Jêro (16 t. Sul. H. 6. Sun, Mrt. Teg. 10), putrane: Ki Baratkatiga: Pangulu, Pangeran Ngatasangin, Arya Panangsang Adipati ing Jipang, Pangeran Sêkar kang seda ing kali, Sultan Dêmak I. 7. Adipati Wirarêja (22. Sun. Mrt. Teg.) putrane: Ngabèi Wiramantri, Tumênggung Wirarêja, Radèn Arya Wiramanggala, Pangeran Adipati Mangkubumi, Kyai Agêng Mataram (= Pamanahan). 8. Adipati Môndaraka (1 t. Sun Mrt. K.S.), putrane: Ngabèi Pranantaka bênêr, Kyai Agêng Karotangan ing Paremana Sèh Majagung, Pangeran Majagung II, Pangeran Majagung I, Panêmbahan Majagung. 9. Radèn Arya Nrangkusuma (7 t. Sun. Mrt. K.S.) putrane: Pangeran Adipati Anom ing Surabaya, Pangeran Agung, Pangeran Ratu Jayasampurna, Panêmbahan Kali, Susuhunan Drajat.

--- 3 : 1411 ---

10. Radèn Arya Sindurja ( 14 t. Sun. Mrt. K.S.), putrane: Ngabèi Pranantaka bagus, Ngabèi Pranantaka bênêr zie 8 bov. 11. Radèn Adipati Sumabrata (5 t. Sun. Mrt. 2. Sun. Mrt. mas 3 t.), putrane: Radèn Carik, Radèn Kalipah Murtala, Pangeran Kaputran, Pangeran Bênawa. 12. Tumênggung Wiraguna (4 t. Sun Mrt. 1. Sun. Mrt. mas 3 t), putrane: Tumênggung Wiraguna, Radèn Ayu Wiramantri, Radèn Arya Wiramanggala zie 7 bov. 13. Radèn Adipati Cakrajaya (24 P.B. I. 13. Prb. Mrt. 7. P.B.II. 4 t), putrane: Radèn Sastrawijaya, Panêmbahan Rama ing Kajoran, Pangeran Radèn ing Kajoran, Pangeran Agus ing Kajoran, Panêmbahan Agung II ing Kajoran, Panêmbahan Agung I ing Kajoran. 14. Radèn Adipati Natakusuma (8 t. P.B.II) putrane: Pangeran Arya Pringgalaya, Pangeran Arya Natakusuma, Pangeran Adipati Natakusuma, Pangeran Adipati Pringgalaya, Panêmbahan Senapati ing Ngalaga.

--- 3 : 1412 ---

15. Radèn Adipati Wirarêja (5 t. P.B.II.), putrane: Ki Nayapatra, Pangeran Jungut, Pangeran Blancèr, Pangeran Ngawôngga, Susuhunan Ngudung. 16. Radèn Adipati Pringgalaya (16 t. P.B.II. 8. III 8.t.), putrane: Arya Pringgalaya Gale, Radèn Wirapratignya aran Arya Martakusuma, Pangeran Arya Balatèr, Pangeran Tumênggung Balitar, Pangeran Adipati Balitar, Panêmbahan Juminah, Panêmbahan Senapati ing Ngalaga. 17. Radèn Adipati Sindurja I (12 t. P.B.II. 7. III. 5 t.) putrane: Tumênggung Wirasastra, Ngabèi Sutamarta I, Tumênggung Martayuda, Ki Putu Martagati ing Pagêrgunung, Kyai Agêng Sutagati ing Pagêrgunung, Kyai Agêng Karotangan ing Pagêrgunung, Kyai Agêng Nis sumare ing Lawiyan. 18. Radèn Adipati Mangkupraja: Andong (2 t. P.B.III), putrane: Nyai Agêng Cakrawijaya, Ngabèi Sutamarta II,

--- 3 : 1413 ---

Ngabèi Martadipa, Ngabèi Sutamarta I, Tumênggung Martayuda.

19. Radèn Adipati Sasradiningrat I, seda ing Batawi (13 t. P.B.III.) putrane: Radèn Rôngga Kartayuda II, Radèn Rôngga Kartayuda I, Radèn Rôngga Kartawirya, Kyai Raga Bagus, Nyai Agêng Ragasuta, Nyai Agêng Lurungtêngah, Kyai Agêng Sêsela. 20. Radèn Adipati Sindurja II (2 t. P.B.III.) putrane: Ngabèi Sutamarta III, Ngabèi Sutamarta II, Ngabèi Martadipa zie 18 bov. 21. Radèn Adipati Jayaningrat (12 t. P.B.III. 4 IV 8 t.) putrane: Radèn Tumênggung Suradirja Patrol, Radèn Suratirta, Radèn Rôngga Kêndhèrèh, Radèn Rôngga Tanpapulas II, Radèn Tumênggung Alap-alap, Radèn Rôngga Tanpapulas I, Pangeran Dêmang Tanpanangkil, Pangeran Rôngga, Kyai Agêng Mataram (= Pamanahan).

--- 3 : 1414 ---

22. Radèn Adipati Mangkupraja: ayah (8 t. P.B.IV) putrane: Radèn Adipati Sasradiningrat I, seda Batawi zie 19 bov. 23. Radèn Adipati Danuningrat (8 t. P.B.IV.) putrane: Tumênggung Mangkuyuda, Ngabèi Sutamarta III zie 20 bov. 24. Radèn Adipati Cakranagara (6 t. P.B.IV) putrane: Radèn Tumênggung Cakranagara, Kyai Tumênggung Wirarêja. 25. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat II sumare Ngimagiri (32 t. P.B.IV. 5. V. 3. VII. 6 t. VII. 18. t.) putrane: Radèn Adipati Mangkupraja: ayah zie 22 bov. 26.Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat sumare Jabung (20 t. P.B.VII. 11 VIII. 4 IX. 5) putrane: Radèn Tumênggung Arungbinang, Kyai Tumênggung Arungbinang, Kyai Ônggayuda, Kyai Wuragil, Radèn Bêkêl Wirabumi, Radèn Lurah Wirabumi, Radèn Tumênggung Wôngsadirja ing Bagêlèn, Pangeran Bumidirja, Kangjêng Susuhunan Adi Prabu Anyakrawati sumare Krapyak. 27. Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, Ridêring Ordhê Nèdêrlansên Leyo (22 t. P.B.IX.) putrane: [p...]

--- 3 : 1415 ---

[...utrane:] Radèn Panji Wiryadipura (1) zie ben, Radèn Ngabèi Sasrataruna (2) zie ben, Radèn Purwakusuma (3) zie ben, Kyai Adipati Mataun (4) zie ben.

28. Radèn Mas Adipati Mangunkusuma (3 t P.B.IX.) putrane: Radèn Tumênggung Suradirja: katariman wayah dalêm P.B.IV. putrine Kangjêng Pangeran Arya Natapura, Radèn Tumênggung Mangunnagara, Radèn Wôngsataruna, Radèn Puspawijaya, Radèn Sôntataruna, Radèn Martabôngsa, Radèn Brewok, Pangeran Sôntakusuma, Radèn Arya Martakusuma, Pangeran Tumênggung Sindusena, Kangjêng Sultan Adi Awijaya ing Pajang. 29. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun, Ordhê ing Siyam (P.B. IX 4 X) (5) zie ben. putrane: Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara zie 27 bov. taun Je 1846 pènsiyun. 30. Kangjêng Radèn Adipati Jayanagara, putra pambajêng kakung (no.29) bov. mantu dalêm P.B.X. Je 1846

--- 3 : 1416 ---

Patih (sajarah):

Surabaya.

(1) Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, Radèn Ngantèn Wiryadipura, Radèn Ngantèn Kramawijaya, Radèn Ônggawijaya, Radèn Sumawijaya, Radèn Tumênggung Wiranagara, Radèn Arya Wiranagara, Pangeran Arya Wiranagara, Pangeran Ratu Pêkik ing Surabaya.

Mataun

(2) Radèn Panji Wiryadipura, Radèn Ngantèn Sasrataruna, Radèn Kêrtapura, Kyai Adipati Mataun,

Panaraga

(3) Radèn Ngabèi Sasrataruna, Radèn Ayu Purwakusuma, Radèn Adipati Subrata, Bupati Panaraga. (4) Radèn Purwakusuma, Radèn Ayu Kadhaton, Pangeran Purbaya, Panêmbahan Purbaya, Kangjêng Susuhunan P.B. I.

--- 3 : 1417 ---

(5) Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Bandara Radèn Ayu Adipati Sasranagara, Radèn Mas Arya Jayaningrat mantu dalêm P.B.I., Radèn Adipati Jayaningrat mantu dalêm P.B.III.

Dalêm Kapatihan ambane 41 kaki 10 dim, dawane 71 kaki 5 dim. Pringgitan ambane 50 kaki 2 dim, dawane 96 kaki 4 dim. Pandhapa ambane 67 kaki 4 dim, dawane 77 kaki 5 dim.

Patih (waduaji):

Têgêse parentah, kuwajibane nampani dhawuh saka sang prabu, banjur kadhawuhake marang kalèrèhane, yèn ing dina Sênèn Kêmis seba magêlaran, pangwasane marentah para wadya punggawaning ratu kabèh, lan nampurnakake saulahing pranata praja, kaparingan lungguh bumi desa 12.000 karya, utawa 3000 jung.

Pati urip lan laraning dina:

zie dina iku.

Pati uriping sasi:

zie taun (5).

Patanèn:

zie kobongan.

Putêr:

a. b ... nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Putri Kw.:

anakbi, arum, adyahi, rèni, rêtna wanita, kanya, kanyaka, kanyapuri, kêmini, duhida, dyah, dayita, taruni, stristri ratna, strya, wanodya, wanita, wararèni, kanya, kanyaka, kami, kamini, duhita, taruna, wadu, wwangadya, wwangadyahi, patni, marmadu zie wadon en widadari

Paturon:

zie turu.

Petruk (padhalangan):

wandane: jlêgong, jamblang, sarta mèsêm.

Potrèt:

(= gambar), kang duwe panêmu sapisan gawe masin potrèt, Tuwan Porto.

Patralalita:

zie salisir.

Patrêm:

zie Srikandhi.

Patrêm:

zie wit (krambil).

Patramênggala (têmbang gêdhe):

laku 16 pêdhotan 8-8 x 2 = 32 x 2 = 64 (= salisir).

Prabu Yudhisthira nata / lan malih ari Arjuna / Nata Prabu Yudhisthira / katri Sang Narpati Krêsna //

--- 3 : 1418 ---

Pitik:

Pitik iku bangsaning manuk, nanging ora bisa ibêr kêkêjêr utawa kalangan ana ing awang-awang, sanadyan ayam alas, K.N. iya ora bisa ibêr kayadene manuk, ibêre mung nuju ênêring karêpe banjur mencok, pitik iku wulune rupa-rupa, ana abang, ana putih, ana irêng, ana kuning, lan antaraning rupa papat mau kaya ta:

irêng galih,

abang srana,

cêmani, cucuk sikil lan balunge irêng

klawu,

klawu ampo,

klawu bêndha,

tulak, irêng kasêlaban putih,

sônggabuwana, putih ing dhadha abang,

wiring kuning, wulu lan sikile kuning,

wido awar-awar

wido cêpaka,

wido kêmlandhingan,

wido klobot,

wido pênyu,

wido pupus.

wido bêndha.

lurik kêmiri.

--- 3 : 1419 ---

lurik sana. lurik sêkul.

gondhang, kuning sêmu abang.

Pitik iku kang lagi nêtês aran: kuthuk, yèn wis rada gêdhe diarani wayah: kêmanggang, rada gêdhe manèh kang lanang aran: jagoan, kang wadon: dhere, banjur dhara, yèn wis tuwa kang lanang aran: jago, kang wadon aran: babon.

Jago iku rupane luwih bêcik tinimbang babon. Lancure mêkrok kaya kêpêt, barise (= wuluning gêgêr kang tumiba ing lêmpèng) mawur kaya sunguting pradapa sarta mawa cahya gilap, wuluning gulu yèn tarung mêkrok kaya gagar mayang, nganggo duwe jalu lancip minôngka gêgamane yèn tarung, bisa micakake mungsuhe saka tancêbing jalu iku tarkadhang tumancêp ing êndhas andadèkake patine mungsuhe ing ênggon.

Jago iku asih bangêt marang babon, tansah rêruntungan ora tau pisah, yèn jago iku olèh thotholan nuju pisah sathithik banjur muni kêruk-kêruk ngundang babone, babone iya nuli têka sarta banjur nucuk thotholan kang isih ana cucuke, yèn ana jago liya tanpa nalar banjur tarung, mari-mari yèn wis kalah salah sawiji sarta nganti bocok, nanging babon iku yèn wis angrêm sarta anak-anak, jago iku mari asih malah gêlêm nothol babon lan kuthuke, jago iku dadi adon-adon kang bêcik dhewe, ora mung ing pulo Jawa têngahan, Jawa kulon lan wetan, iya padha kalangênan ngadu jago, sarta ditohi akèh.

Pitik iku akèh warnane kaya ta: cadhong (wulu suwiwi ana kang malik), rop (wulu alus padha malik), trondhol (ana kang ora kathukulan wulu), tukung (tanpa buntut), walik (wulu kasar padha malik), jambul (wulu dawa sadhuwuring êndhas), brumbun (wuluning suwiwi rontog mung kari sadane bae),

--- 3 : 1420 ---

Babon iku yèn ngêndhog ana ing patarangan (= susuh), gaweaning manungsa, sadina mung siji, tarkadhang sok êlêt, yèn wis ngêndhog ping lima lan kurang luwih sathithik, lèrèn sarta banjur dingrêmi, ing dalêm têlung Jumungah bisa nêtês, nanging yèn ora dilongi êndhoge sok gagar ora bisa nêtês kabèh dadi wukan, ora enak pinangan, dene yèn ora disuprih anake mung digawe êndhog-êndhogan, yèn wis ngêndhog loro dijupuk siji, ngêndhog manèh dijupuk manèh, mêngkono ing sabanjure, iku ora gêlêm angrêm-angrêm, nganti bisa ngêndhog ping salawe utawa têlung puluh tarkadhang nganti patang puluh utawa sèkêt, mawa-mawa kuwat lan ringkihing babon, nanging iya nganggo êlêd nganti sapasar utawa wolung dina, wusana babon iku dadi rusak kuru awake tarkadhang banjur gêring, dadi ora bêcik yèn wong ngingu pitik ginawe êndhog-êndhogan.

Babon iku gumati bangêt marang anake, yèn isih esuk utawa udan, dikêmuli ing suwiwine dibèbèr sarta andhêkêm, anak-anake padha andhêsêl malêbu sajroning suwiwi utawa ngungsêl-ungsêl ing wuluning biyangne, nganti padha ora katon kabèh, yèn wis awan: dijak saba ana ing pawuhan sarta acêcèkèr, yèn olèh kêkeceran ora banjur dipangan dhewe, diwèhake anake nganggo muni: kruk-kruk, cêk-cêk, isthane nawakake pakolèhe kêkeceran mau, sarta banjur dirêbut marang anak-anake, êndi sing dhisik bisa pakolèh, mulane pitik anak-anak, yèn ora olèh pakan saka kang ngingu ora warêg mangan saka pangupayane dhewe, beda karo pitik kang ora anak-anak, sanadyan ora dipakan karo kang ngingu, iya bisa warêg saka gone ngupaya cucukan dhewe, awit sadina muput ora lèrèn mung golèk cucukan, yèn ana bêbaya wolung arêp nyambêr, biyangne enggal anglumpukake anake muni kruk-kruk, nyasmitani yèn ana bêbaya, kuthuk iku banjur nglumpuk andhêlik malêbu ing pandhêkêming biyangne.

--- 3 : 1420 ---

Êndhog pitik iku maedahi bangêt marang manungsa, enake luwih sapêpadhaning êndhog ing alam donya, kêna ginawe woworan kuwih-kuwih utawa bêrgêdèl, putihe ora dikatutake awit marai amis, lan manèh ginawe tômba kuwat iya kêna, diuntal mêntah, utawa diubêk karo konyak, nganggo didokoki mrica pala, putihe dibuwang, utawa dicêplok madon iya maedahi, nanging wong Jawa ora nêngênake marang êndhog pitik, milampu êndhog bèbèk, sing nganggit iya milih êndhog bèbèk, amarga gêdhene mèh tikêl sarta rêgane murah, paedahe ora rinasakake mung waton warêg dhuwite sathithik, bôngsa Eropah ora nganggo êndhog liyane êndhog pitik. Ing tanah Eropah êndhog pitik mung digodhog madon pinangan karo uyah, ora ana carane didadar utawa dicêplok, rêgane ing ngêndi-êndi padha bae: nglimang sèn.

--- 3 : 1421 ---

Ing ngisor iki araning pitik sawatara dalah wulu sarta cènggère, kaya ta: Ayam alas, Cadhong, Cêmani, Cêmara, Rob, Kopèk, Trondhol, Tukung, Tlêkun, Sônggabuwana, Walik, Jêpun, Jambul, Brumbun, Bêkisar, Wulune, irêng mulus, irêng galih, abang, klawu ampo, klawu kacubung, klawu bêndha, klawu brama, kêmiri, kêmbang asêm, tulak, sana, sêkul, wiring kuning, wido awar-awar, wido alap-alap, wido nanas, wido cêpaka, wido kuwali, wido klobot, wido kêmlandhingan, wido pinihan enz, putih, bêkingking, blorok, cènggèr, têlon, sumpêl, sanggar, sanggar dlima, wilah.

Pitik Kw.:

ahyam = ayam, K. kruha, sata, sambêran, pitrik

--- 3 : 1422 ---

Pitik:

a. b ... nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

c. d ... nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih lor.

e. Pitik rawa, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, pasabane ing rawa, panguripane iya mangan iwak rawa.

f. Pitik salju nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah kang hawane adhêm.

g. h ... Pitik patris, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah pasabane ing sawah utawa ing patêgalan tuwin ing ara-ara, lan ora bêtah marang ing adhêm.

i. Pitik motyara, nêtês sarta dumunung ing tanah Jêpan, utawa ing nagara Cina, kêna diingu ing wong.

j. Pitik banyu, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, pasabane ing banyu sarta bisa nglangi kaya bèbèk, panguripane mangan iwak cilik-cilik.

k. Ayam alas, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, ayam alas sabên têmpuk karo bangsane anaa ing ngêndi-êndi amêsthi tarung, tanpa sabab.

Pitik iwèn:

kêbo sapi dikandhangake ana sajroning omah, patarangan pitik ana ngomah, ora ilok.

Patil (têmbung minggiran):

Yèn cawang ditancêbake ginawe lantaran panggèndènging prau diarah minggire, diarani: matil.

Patalon:

zie monggang letl.b.

Patapan:

zie tapa.

--- 3 : 1423 ---

Patoman:

kyai agêng ... zie Sela no. 7 IV.

Pating:

Têmbung pating lugune atêr-atêring têmbung kang wis anduwèni têgês rambah, ginawe luwih rambah manèh, kaya ta: Krêmbyah, dadi: pating krêmbyah. Klolor, dadi pating klolor enz.

Pêtung wulung:

zie gend.

Pêtinggi:

(W.H.) têgêse: pangkat, iya iku kang kawênangake mêmangkat pagaweane wong cilik ing padesan, lungguhe saparoning lurah.

Pasu Kw.:

Salantara, salimba, paswa, pasula. 2. zie srandu kênong. 3 zie srandu katuranggan.

Pase:

panêmbahan ... zie wali no. 45.

Pêsi:

zie kêris.

Pasah:

zie tatah.

--- 3 : 1424 ---

Pasên:

Zie Ngisa letl.c.

Pasên punika pathokanipun dhawah dintên Akad sasampunipun tanggal kaping 21 Marêt, ingkang anglêrêsi wulan Jawi tanggal kaping 15. Kawastanan purnama, utawi dintên Akad salêbêtipun April sasampunipun purnama, jèrènganipun:

Manawi tanggalipun 21 Marêt, sawêg tanggal 1 dumugi ping 14 wulan Jawi, punika sanadyan salêbêtipun 14 dintên wontên dintênipun Akad, dèrèng dipun angge pasên, ananging ngêntosi dintên Akad salêbêtipun April ingkang nglêrêsi wulan Jawi sasampunipun purnama, kados ta: manawi tanggalipun Jawi:

Akad, tanggalipun Walandi 21 Marêt, punika pasênipun wontên Akad ping 22 Jawi, dados wontên wulan April ping 11.

Manawi tanggal 21 Marêt, Jawi ping 14, pasênipun dhawah ping 22 Marêt, utawi ping 15 Jawi, purnama.

--- 3 : 1425 ---

Pasindhèn:

zie abdi dalêm wadon no. 7.

Pasar:

Pasaran zie dina. Wiwite ana dina lêlima (= pôncawara) kêlantur ingaranan: pasaran, anggite Êmpu Ajisaka, kang dhihin: Lêgi - Bathari Sri - wetan. / Paing - Bathara Kala - kidul. / Pon - Bathara Brama - kulon. / Wage - Bathara Wisnu - lor. / Kliwon - Bathara Guru - ngisor dhuwur.

Pasaran iku duwe nêptu dhewe-dhewe, pêrlune diworake lan nêptuning dina pêpitu (= saptawara) kanggo anggolèki tibaning dina bêcik, kaya ta:

Kliwon = môncawarna, nêptu 8, watêke: micara, bisa nganggit-anggit basa.

Lêgi = pêthakan, nêptu 5, watêke: mêngku, saguh sabarang rèh.

Paing = abritan, nêptu 9, watêke: melikan, dhêmên sabarang katon.

Pon = jênean, nêptu 7, watêke: pamèr, dhêmên ngatokake donyane.

Wage = cêmêngan, nêptu 4, watêke: kakon atèn, kêncêng wicarane.

apalane sinawung ing têmbang zie dina.

Wiwite ana pasar saka Prabu Basupati nalika yasa kutha ing Wiratha, wong nyambut gawe padha jajan mrono, tinulad têkan saiki taun 52 P.R.III. 281-5.

Pusêr:

zie srandu katuranggan.

Pasar Kliwon:

zie abdi dalêm Surakarta letl.b.

Pasarean:

zie abdi dalêm wadon no. 12.

Pasatoan:

zie sato.

Pasetran:

Wiwite wong Jawa ing jaman kuna gawe pasetran = ara-ara pitara, ginawe panggonan wangkene wong mati, ora kapêndhêm, mung kalinggihake bae, nalika taun 64 P.R.I 99-8.

Pustaka ladhang:

Ciri pustaka ladhang jaran wulu kuning duwe unyêng-unyêngan ana ing lambung kiwa, watêke bêcik, kang ngingu karijêkèn agung.

Pasuson:

zie Sel. no. 13.

Pasalatan:

zie klasa.

--- 3 : 1426 ---

Puspanjali (têmbang têngahan):

voorb. // dhuh Gusti pujaning wang / sotyaning wanita / myang maduning kusuma / sêkaring buwana / tuhu musthikaningrat / dadya sudarsana / sagunging pra wanodya / ambêg puspanjali //

Pusparanu:

zie banyu.

Puspadiningrat:

radèn ayu ... zie Img. no. 116.

Pasopati (kawruh êmpu):

zie lar ngatap (2). Dhapuring kêris pasopati: bênêr, gusèn, sogokan, lambelambe gajah. siji, kêmbang kacang, sogok sarta ri pandhan.

Ciri pasopati,Seharusnya keterangan ini untuk entri pasopati (katuranggan). unyêng-unyêngan jaran ana têngah dhadha bênêr, watêke ala, kang ngingu cilaka.

Puspasari:

zie gend. Puspasari iku ditandur ana ing patêgalan, utawa ana ing pakêbonan, panandure ing môngsa labuh kapat, lêmah yèn wis rada têlês mangisor, yèn wis pitung sasi kêna didhudhuk, puspasari kêna diolah ing sakarêpe, sarta kêna dipathi.

Puspawêdhar:

zie gend.

Puspanyidra:

wangsalan Tjent., asring linyok = cidra.

Pisdhipir:

Bangsaning manuk, têgêse: nyolong iwak, dumunung ing tanah ngêndi-êndi kang hawane sêdhêng, pasabane ing pasisir, panguripane nyolong iwak, kayadene gagak.

Pasujudan:

zie klasa.

Paseban:

zie gend. en seba.

Pasing:

zie gend.

Pasingsingan (waduaji):

têgêse: sabarangan, kuwajibane winênang ambawahake para wadya kriya kabèh kaparingan lungguh bumi desa 300 karya utawa 75 jung.

--- 3 : 1427 ---

Pasung:

zie srandu kêbo sapi.

Pasangaran:

zie sangar.

Pasang wetan:

zie gend.

Pasanggrahan:

zie sanggraha

Pasang bandar:

zie gend.

Pawon:

zie padang. Pawon dhahar para en têngahan, zie abdi dalêm wadon no. 15, 16, en 17, pawon marêp mangetan, utawa mangalor sarta wong duwe gawe mênyang pawon, dadi pangane Bathara Kala.

Pawana:

zie angin.

Pawaka:

zie gêni.

Pawatangan:

zie watang.

Puwasa:

zie sadat (4).

Pal:

Lêlakon bêgja cilakaning wong, kaya ta: wong wadon anglarani arêp duwe anak, wong lêlaku arêp tinêkakake ing janji sapêpadhane, iku wis kapathok kalakone ana ing wayahe dhewe-dhewe ing dina tibaning lêlakon mau kaya ta: dina Ngahad, Jam 6, 9, 11, 1, 5, keterangan ... / dina Sênèn, Jam 8, 10, 1, 3, 5, keterangan ... / dina Slasa, Jam 7, 10, 12, 2, 5, keterangan ... / dina Rêbo, Jam 7, 9, 11, 2, 4, keterangan ... / dina Kêmis, Jam 8, 11, 1, 3, 4, keterangan ... / dina Jumungah, Jam 8, 10, 12, 3, 4, keterangan ... / dina Sêtu, Jam 7, 9, 12, 2, 4, keterangan ...

Pala:

zie para.

Pali:

zie pari.

--- 3 : 1428 ---

Pêli:

zie srandu kêbo sapi.

Pêli Kw.:

dirasmara, surasmara, sêmaradana, linggana, purus, purusa, pasta

Polo:

zie srandu kêbo sapi.

Polo Kw.:

hutaka, hulupi, kumbarèsi, pukara, mutwara.

--- 3 : 1429 ---

Puluh:

(W.H.) saka têmbung: sadassa, têgêse: pêcahing wiji, iya iku wiwite ngetung iji manèh, lan kapêcah manèh diarani: wêlas, têgêse: êlas, kapêcah manèh diarani: likur, pênêre ngarêp wungkul, dadi perangan têlu, wiji, wêlas, wungkul. Salawe anut lêr-lêraning lawe, cacahe 25 lêr, banjur diarani: salawe. Sèkêt, wutuhing têmbung ngarêp: saikêt, têgêse: sasingsêtaning tali, iya iku sagandhènging lawe, salawe lêr ping pindho. Sawidak = saidak.

Palana:

Wiwite gajah pinalanan, saka anggite Prabu Hèryanarudra ing Gilingaya (Jaka Puring), lêstari nganti saprene, sinangkalan: marganing naga anaut = 385. P.R.II. 68-2.

Palanangan:

zie srandu kêbo sapi en zie pêli.

Plonco:

zie wit (sêmôngka).

Palintangan:

Sangat palintangan iku lintang pêpitu angênggoni dinane dhewe-dhewe, lakune sabên jam ngalih, têrus sadina sawêngi têpung gêlang, pratelane kaya ing ngisor iki:

[Grafik]

Karangane Rms. Suwita.

--- 3 : 1430 ---

Palintangan:

zie srandu katuranggan.

Plênthing:

Wiwite lara plênthing kasumurupan saka sarjana Ngarab aran Akarfen, dhoktêr ing Aleksandri.

Placak:

(araning paku saron).

Palak:

Kang duwe panêmu sapisan bab ngilmu palak, Tuwan Keppler Neuton N. Kapernicus Titus.

Pêlok:

zie srandu kêbo sapi.

Pêlokan:

zie srandu ukiran.

Polok Kw.:

padarana, padaraksa, padaksa.

--- 3 : 1431 ---

Palakirna:

Araning palakirna kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki:

Nôngka, Carême, Cêpêdhak, Rambutan, Kêcapi, Kurma, Kokosan, Kuwèni, Kuwèlêm, Kawista, Kaleca, Kaluwih, Kaluwak, Kilayu, Kalêmbak, Kapundhung, Kêpêl, Kêdhondhong, Kêmiri, Kêmlandhingan, Kêmlaka, Durèn, Dalima,

Ta

Sêntul, Srikaya, Sarangan, Sukun, Sawo, Sawo mênila, Siwalan, Salak, Sêmak, Wuni, Wrêsah, Widara, Wunglon, Lo, Lêcing, Langsêp, Pace, Pucung, Pakèl, Pête, Pêlêm, Pijêtan, Dhuku, Dhuwêt, Jêruk, Jirak, Jambu, Jengkol

Ya, Nya

Mundhu, Malinjo, Mulwa, Maja, Manggis, Gowok, Gayam, Bêndha, Bulu, Balimbing,

Tha, Nga

--- 3 : 1432 ---

Palakriya.:

Wit palakriya thukul ing alas, wohe kêna ginawe urus-urus, nanging yèn kakehan ambilaèni.

--- 3 : 1433 ---

Pala kasimpar:

Araning pala kasimpar kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki: Otèk, Nanas, Cipir, Kacang, Kara, Krai, Terong, Timun, Têbu, Sêmôngka, Waluh, Wijèn, Laos, Lombok, Pare, Dhêle, Gudhe, Bêstru, Bligo,

--- 3 : 1434 ---

Pala kapêndhêm:

Araning pala kapêndhêm kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta kaya ing ngisor iki: kênthang, kacang cina, kimpul, tela, talês, senthe, suwêg, wi, walur, linjik, pohung, ganyong, gacêng, garut, gadhung, gêmbili, gêmbolo, bêsusu

Pala gumantung:

Araning pala gumantung kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga katêmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki:

Katès = katela gantung. Gêdhang enz.

--- 3 : 1435 ---

Kang aran pala kasimpar iku samubarang kang lumrah tinandur (= ingulurake) kalawan wijine ana ing patêgalan, utawa ing pakêbonan, wohe sumèlèh ing lêmah, kaya ta: krai, timun, yèn tinandur ana ing pakêbonan, ana kang dilanjari.

Sêmôngka.

Waloh, yèn tinandur ing pakêbonan mêsthi dilanjari, mung waloh bokor kang ora.

Bligo, rinambatake ing wit-witan, J.Z.I. 74-7 v.o.

Kang aran pala kapêndhêm iku samubarang kang lumrah tinandur ana ing patêgalan, utawa pakêbonan, kang pinurih wohe ngisor, kaya ta:

Uwi, Walur, Gadhung, Kacang cina, Linjik, Gêmbili, Katela, Pohung, Gêmbolo, Kimpul, Ganyong, Bêsusu, Talês, Garut, J.Z.I. 74-11 v.o

Pala gumantung:

Kang aran pala gumantung iku wit-witan kang ora lawas umure, kaya ta:

--- 3 : 1436 ---

Arèn, nanas, katès utawa katela gantung, gêdhang enz. J.Z.I. 75-5.

Ing ngisor iki araning pala kasimpar, pala kapêndhêm, pala gumantung, pêthikan saka layang Cênthini sinawung ing wangsalan, nalika Sèh Amongraga mênyang Wanamarta arêp kêtêmu Kyai Bayi Panurta, kaya ta:

Otèk, têlasing pamangan = êntèk. / Cipir, nimpang ing marga = malipir. / Ranti, praptane nora barêngan = sarênti. / Kênthang, kasuwèn memean = kênthang-kênthang. / Kacang, pangugêr turôngga = nancang. / Kara, wêwinih padu = prakara. / Krai, kapala ngarsa = rai. / Kurma, lare ugungan = ingêma-êma. / Katela, cêtha yèn angling = têtela. / Kaluwak, trênggalung tanpa baga = luwak. / Kadhêle, pêgating tali = dhêl. / Kêmiri, mulyaning lara = mari. / Kêmlandhingan, ngêmbari jurit = tandhing. / Kimpul, janma kalumpukan = kumpulan. / Kêmangi, kumudu amrik = wangi. / Kangkung, bêrkutut muni = hur kêtêkung. / Terong, talang kêndhi = torong. / Timun, mênawa andulu = tumon. / Têbu, tôndha warêk bukti = atob. /

--- 3 : 1437 ---

Suwêg, basa lagi-lagi = sawêg. / Sêmôngka, minggah ing ardi = sumêngka. / Sêmanggi, sumêlanging ati = sêmang-sêmang. / Wi, basa krama adi = kawi. / Waluh, toyaning tangis = luh. / Wijèn, maju prang pribadi = ijèn. / Lombok, bojoning bapa = êmbok. / Pace, moyoki ngisin-isin = ngece-ece. / Pare, pamudharing wèni = ngore. / Pête, marga binuntu = pêpêt. / Jengkol, sinjang kapêlak = kêcangkol. / Gudhe, pangêpe raga = dhedhe. / Gadhung, kêmbên wilis = gadhung. / Gêmbili, gêring pipi lêmu = gêmbil. / Bêstru, mêmungsuhan = satru. / Bêsusu, parang jaja ing wanodya = susu. / Bayêm, wus mari brangti = ayêm.

Palataran:

zie latar.

Platuk:

a. Nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, gulune luwih dening lêmês, bisa ngingêrake cucuke ana ing buri, sarta lenggok-lenggok. b. id. c. id. mangan tawon. d. id. wulune lurik. e. Ing pulo Jawa: platuk watu lan platuk bawang.

--- 3 : 1438 ---

f. Platuk bawang nêtês sarta dumunung ing tanah Ustraliyah, kabisane kajaba mabur: bisa ngangkrok ing wit-witan, mangan ulêr cilik-cilik, kang ana sajroning kayu garing, panggolèke sarana landhêp sarta kuwating cucuke nganti bisa nugêlake panging kayu kang gêdhe- gêdhe. g. h. i ... id. mung seje wulune sawatara.

Plisa:

Dhangkèl plisa iku kalêbu ing wisa uga, sarta durung kasumurupan gawene.

Pêlus (iwak):

wangsalan Tjent. kayu pinasah = alus.

Pulisi:

zie abdi dalêm kapatihan letl. j.

Plisir:

zie kambil karajan no. 18.

Plasa kuning:

Dhangkèl plasa kuning iku yèn pinangan angêndêmi, êndême anggliyêr ora duwe kaelingan sarta nganggo mutah, yèn kaduk pamangane ambilaèni, panawane durung kasumurupan, mulane dhangkèl plasa kuning sok pinangan ing wong, amarga kliru kinira dhangkèl plasa lumrah, iku pancèn enak pinangan, rupane padha kaya bêsusu, bedane plasa kuning lan plasa lumrah, mung katitik saka rupaning kêmbange, plasa kuning kêmbange iya kuning, plasa lumrah kêmbange abang. Kayu plasa kuning yèn ginawe olah-olah kukuse anglarani mripat.

Pilikan:

Iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah Mêsir, pasabane [pasa...]

--- 3 : 1439 ---

[...bane] ana ing pasisir utawa ing rawa, panguripane môngsa iwak.

Paliwarsa:

zie taun.

Palawija:

zie abdi dalêm palawija. Têmbung: palawija camboran, pala = woh, wija = kasênêngan, têgêse: tanduran kang dipurih wohe kanggo kasênêngan D.K. 1835 no. 53.

Plupuh:

zie abdi dalêm pulisi Sragèn letl.f.

Plupuh:

zie gend.

Pule pandhak:

Oyod pule pandhak, iku kêna ginawe tômba cacingan, utawa racêk, tumrap ing manungsa utawa khewan, ingatase oyod pule pandhak kang gêdhene sajênthik, tumrap marang wong tuwa 1 dim, tumrap marang bocah ½ dim, tumrap marang jaran enz. 2 dim.

Pilprat:

Iku dumunung ing tanah Eropah, mangan daging mêntahan drêmba bangêt.

Playon ayak-ayakan:

Kang nganggit gêndhing playon ayak-ayakan, Prabu Kanwa = Kano, en zie Kartapati letl. c.

Playon lima, Playon barang ... zie gend.

Pêlêm:

Ing ngisor iki araning pêlêm sawatara, kaya ta: êndhog, adas, êmbat, nanas, candhi, canthik, canthuk, cangkok, kunir, katela, kopyor, kopyok, kopèk, dodol, dodol nanas, dodol carang, dodol katela, dodol sari, dodol sêdayu, dodol lele, dodol madu, daging, dugang, tanah,

--- 3 : 1440 ---

talijiwa, tinggi, santog, srowot, sêngir, sêngir bagêlèn, wulung, poh, podhang, malam, gônda, gandhik, golèk, gadhung, bêruk, bêku, bala, blênyik, blabur, bathok. J.Z.I. 277-9.

Pêlêm Kw.:

ampêlêm, poh, pangga, malam, mangga, môngga.

Pêlêm wangsalan:

Tjent. wismaning priyayi = dalêm.

Pêlêm:

zie kêtan.

Plumatun:

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Asiyah saurute.

Plumpung:

zie wulu.

Plaminggu:

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing nagara Mêsir, pasabane ing bêngawan Nil, mangan iwak kali. Lan manèh manuk plaminggu iku dianggêp dewane wong ing nagara Mêsir, awit bisa nyirnakake ula kang mawa wisa.

Palêg (= jontrot):

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngah, pasabane ana saurute gunung Alêp. Palêg iku bisa cumbu kayadene manuk dara, yèn digêtak banjur mabur kalangan, baline nganggo ambandhang utawa nyangkêrêm manuk liyane. Ana bangsaning palêg manèh patang warna: mung seje wulu sawatara.

--- 3 : 1441 ---

Pelog:

gamêlan ... (kaniyagan). Sinuhun Ratu Tunggul ing Giri, yasa gamêlan laras pelog ganêp sarancak, padha lan larase gamêlan sakatèn

Bonang gêdhe sapangkon isi 14 iji, Bonang panêrus sapangkon isi 14 iji, Dêmung rong pangkon a isi 7 iji, Saron barung patang pangkon a isi 7 iji, Saron panêrus rong pangkon a isi 7 iji, SlênthêmaSlênthêm. sapangkon isi 9 iji, Kêthuk 1, Kênong 2 iji, Kêmpyang 2 iji, Gêndèr 12 wilah, Sorogane 2 wilah, Rêbab 1, Gambang 18 wilah, Sorogane 3 wilah, Kêndhang gêdhe cilik 3 iji, Clêmpung 1, Gong sarakit = 2 iji, Kêmpul 1, Kêtipung 1, Suling 1

Panganggite nalika taun 1485.

--- 3 : 1442 ---

Palugon:(têmbang têngahan)

a - u - o - u - o - a - u - o . // 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8.

Voorb. // Praja ing Ngawantipura / rêrêngkêd kentir ing ranu / kudamakna raganing ngong / anyarah sakarsanipun / atmantarèng sapaturon / panukartaning kusuma / suka jiwa raganingsun / rujitên tumêkèng layon //

Pala gumantung:

zie pala kasimpar en pala kapêndhêm.

Palugôngsa (têmbang têngahan):

a - e - e - a - a - i . // 8 - 11 - 12 - 8 - 8 - 8.

Voorb. // Layon wastra mirah ingwang / jaman katon sajroning wong nendrane / kadyèng ngimpi ngangge langsaraniranggèr / banon kaduk pulang brama / sanadyan lêbur luluha / tan nêdya pisah lan Gusti //

Plabuhan:

kangjêng ratu ... Img. no. 55.

Palung (iwak):

wangsalan Tjent. pawèh akon nanggapi = lung.

Piling, pilingan Kw::

salimuka, pindaka, puliringan, pilisan, pamidhi

Plangi:

plangèn zie srandu ukiran.

Pulung ati Kw.:

kêkulung, taladnyana, lêmbana

Plôngka:

zie wulu.

Plangkan:

Anane plangkan gamêlan kayadene saiki, mari digantung kayadene gong, iku anggite Prabu Brawijaya V ing Majapait, sinangkalan: wêlut wolu dhêsthining janma = 1283.

--- 3 : 1443 ---

Larangan wong gawe plangkan gamêlan nganggo diukir modangan, sarta dicèt kang dhasare ijo zie P.B.IV. letl. e 2

Plangkan rêbab:

Anane plangkan rêbab sakane ginawe pasagi, ing ngisor diukir, têngahing plangkan nganggo pêthèn piranti wadhah santên, kawat tuwin kosok, saka anggite Kangjêng Panêmbahan Buminata putra dalêm P.B.IV.

Palêngkung gêdhe cilik:

zie jungkat.

Pulanggêni (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris pulanggêni luk 5 nganggo sraweyan sarta grènèng.

Palenggot bawa:

zie lenggot.

Plang godhong:

zie srandu kêbo sapi.

Papa:

1. Tj.B. naraka, 2. Kw. apa-apa, cilaka, siksa, sangsara.

Pipi:

1. Tj.B. rupêk, 2. zie srandu kêbo sapi, 3. zie srandu katuranggan. 4. Kw. naam paya-paya, pangarasan, julingga, julinggan, 5. Kw. woord. pinggir.

Pupu:

1. zie srandu kêbo sapi. 2. zie srandu katuranggan. 3. Kw. naam tur, turaka, supit, paha, pahang, 4. Kw. woord. kapupu.

--- 3 : 1444 ---

Pepe:

Ond. Pajang, dist. Kartasura. 1. Kangjêng Gusti Pangeran Dêmang Arya Tanpanangkil, putrane Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga Mataram, zie Saj. blz. 123- 9, olèh pasadranan dalêm f. 6.25 mênyan sakati sarta lênga tuwa sacupu.

Popo:

Tj.B. sungkan.

Papah:

zie srandu katuranggan. 2. zie wit (krambil).

Papah arèn:

zie pari.

Papah gêdhang:

zie srandu kêbo sapi (pawakan).

Pupuh:

Pangantèn lanang pinupuhan banyu kêmbang sataman, ing êmbun-êmbunane zie Jêmbawan letl. d.

--- 3 : 1445 ---

Papan pêrang Kw.:

asmara dilaga, rana, rana saba, rana madya, ranangga, rananggana, sêmara, palagan, payudan, pabaratan.

Papar:

wangsalan Tjent. tansah angradin = mapar.

Papakan:

zie srandu warôngka wêdhung.

Papakan:

zie srandu warôngka ladrang.

Papat:

(W.H.) mirit panggonan keblating jagad.

Pêpati:

patih jaba arya ... P.N. no.11.

Pipisan:

of gandhik. 1. Nugêlake pipisan utawa gandhik, 2. mipis: barange dijupuk saka ngarêp, 3. nglumahake pipisan, racikane kang arêp pinipis durung miranti, 4. mipis marêp mangalor utawa mangidul, dadi pangane Bathara Kala.

Pangantèn kêtêmu misan, nganggo isarat macul pipisan (liniru tumpêng) yèn ora mêngkono: dadi pêgatan, zie nut Jêmbawan.

Pipilan:

sadulur lima wadon papat, lanang siji P.R.I. 197 (27)

Popongan (Klathèn):

pasarean ... Nyai Adipati Sêdhahmirah

Pudhak:

zie srandu kêbo sapi.

Pudhak:

zie srandu katuranggan.

Pudhak:

zie wit (pandhan).

Pudhak Kw.:

surabiya.

Pudhak:

wangsalan Tjent. kang sêkar wiraga.

Pudhak angrêm:

Ciri pudhak angrêm, palanangan jaran bêlang ora ana têrusane, watêke ala, kang ngingu kêrêp kalaran.

Pudhak satêgal (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris pudhak satêgal luk 5 nganggo kêmbang kacang, sogokan, sraweyan kapêkak.

Pêdhut Kw.:

sanghub.

Padhati:

Ing ngisor iki araning padhati, kaya ta:

Katrata: tinarik ing macan.

Sêkuthu: tinarik ing asu.

Sêsiratan nyika gancak anda: tinarik ing jaran papat.

Sêsiko swanidho: tinarik ing jaran loro.

Salamuka pangirid raksasa lanang wadon.

Samakantu pangirid wong lanang wadon.

Widadari pangirid sapi wadon.

Wèsthi pangirid jêjawi.

--- 3 : 1446 ---

Dhudha lêlana tinarik ing wong wadon.

Gintha tinarik ing gajah. zie kareta.

Padhasih:

zie bambang.

Padhawangan (iwak):

wangsalan Tjent. palanging wong ambathik = gawangan.

Pêdhang:

Ampilan dalêm pêdhang rupa-rupa cacah 9 iji zie upacara letl. f.

Pêdhang Kw.:

tingaskara, surepya, sulèpi, sabêt, pranggana

Puja, pamujan Kw.:

pahêningan, pahoman, panêkungan, pidikan, pasêmadèn, pasêmadyan, pamursitan, pamêlêngan zie tapa en sanggar.

Pêjuh Kw.:

nutpah, rahsa, rêta, kama, sindurêtna, mani, mani, maya zie mani

Pajênar taun 1676.

Pojok:

zie abdi dalêm Sragèn letl. g.

Pijêtan:

1. Kw. langsêp, 2. wangsalan Tjent. pada gininda = pijêt.

Pejetan:

' = blumbangan zie srandu kêris.

Pajatisari:

sinangkalan: sirnaning naga môngsa janma Sengkalan: sirnaning naga môngsa janma (1680 A.J., 1754/55 A.D.). (1680) Be zie paron nagara en zie Mangkubumi letl. b.

Pajajaran:

zie Kudalaleyan.

Pajajaran:

zie tangguh.

Pajajaran:

1. zie P.N. no. IV.

Pajajaran:

2. zie P.N. no. VI.

Pajajaran:

Kang jumênêng nata ing Pajajaran: 1. Prabu Maesatandrêman, sinangkalan: luhur muluk bujaning ratu (1200) Be, 2. Prabu Banjaransari, sinangkalan: rupaning janma netra tunggal (1211) Alip, 3. Prabu Mundhingsari, sinangkalan: candraning mantri netra tunggal (1231) Dal, 4. Prabu Mundhingwangi, sinangkalan: sirnaning buta paningaling ratu (1250) Jimakir, 5. Sri Pamêkas, iya Prabu Gôndakusuma, sinangkalan: sucining salira netraning nata (1254) Ehe, 6. Prabu Siyungwanara, sinangkalan: sirna ilang gunaning wong (1300), banjur karusak marang Jaka Sêsuruh.

Pajêg:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Pajang:

1. Adêge Karaton Pajang sinangkalan: guna luhur tataning ratu (1503) kang jumênêng nata Sultan Adi Awijaya, ajêjuluk Prabu Kalasêti (Jaka Tingkir).

2. zie P.N.IX., 3. zie titik no. 19, 4. zie tangguh, 5. pajangan, pasisiran, tanpa samir, 6. Anane pajangan (patanèn) bantale ngundhung-undhung saka dhawuhe Dèwi Sri nalika sare ana ing omahèn Pataniomahe Kèn Patani. taun 471 P.R.III. 66-4.

--- 3 : 1447 ---

7. Kw. tilam, tilamrum, patani, pawarangan van wara, pajungutan, jinêmrum, jinêmwangi, jinêmrik, môndhakiya, pakasutan van suta zie turu.

Pajang Saripan (Kartasura):

Kang sumare ing Pajang Saripan, kang misuwur asmane:

1. Pangeran Sarip Muhsin, putrane Sultan Ibrahim Asmara Alkadad, ing tanah Kalarmaot (Ngarab). 2. Sayid Hasim, putrane Sayid Alwi Alkadad.

Pangeran Sayid Muhsin lan Sayid Hasim mau sadulure nak-sanak, sarta Sarip Muhsin dadi gurune Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Kartasura, mulane kaparingan sêsêbutan Pangeran.

--- 3 : 1448 ---

Pujôngga:

Ing ngisor iki sêsêbutaning pujôngga, kaya ta:

1. Paramasastra, têgêse: pakumpulaning sastra sarta têmbung, dadi pujôngga iku kudu sumurup sarta bisa marang kaluwihaning sastra satêmbunge, tuwin kudu bisa marang sastra kuna-kuna kang kalaku ana ing tanahe dhewe-dhewe.

2. Paramakawi, têgêse: pakumpulaning têmbung Kawi lan sastrane, dadi pujôngga iku kudu bisa marang kaluwihaning têmbung, iya iku têmbunge wong kuna kang ingaran: Kawi utawa Sangskrita, kang wus kaanggit dadi wyakarana.

3. Mardibasa, têgêse: pranataning têmbung, dadi pujôngga iku kudu bisa gawe adangiyah matrapake têmbung: krama, madya utawa: ngoko, apadene basa kadhaton, sarta tumindaking silakrama.

4. Mardawalagu, têgêse: pakumpulaning têmbung kang rinêngga ing têmbang, dadi pujôngga iku kudu bisa marang petunganing têmbung ing sadirga-dirgane, sarta kudu lêbda ing laras kêndho kêncênging lagu, apadene kudu bisa têgêse: caraka basa, dasanama, pralambang, wangsalan sapêpadhane.

5. Môndraguna, têgêse: agal lêmbut, dadi pujôngga iku kudu bisa marang agal alus, agal: marang pagawean, alus: marang agama, sarta marang ngèlmu kang samar-samar.

6. Awicarita, têgêse: pakumpulan carita,

--- 3 : 1449 ---

dadi pujôngga iku kudu bisa carita kahanane ing jaman kuna-kuna kang kocap ing layang-layang utawa kandhane wong tuwa-tuwa.

7. Nawungkridha, têgêsipun:têgêse. duga watara, dadi pujôngga iku kudu bisa mirasat kang dadi jawab marang pitakone wong liya kang durung kêlair.

8. Sambegana, têgêse: elingan, dadi pujôngga iku kudu eling marang lêlakon kang wis kalakon, utawa kang durung kalakon.

--- 3 : 1450 ---

Pujôngga Kw.:

Awicarita, Paramasastra, Nawungkridha, Paramabasa, Kawindra, Yampu, Kawiradya, Môndraguna, Kawirêja, Mardawalagu, Kawiswara, Mardibasa, Kawiwara, Mangawisesa, Kawipara, Sambegana, Sangakawi, Paramakawi

Pujôngga bungkêm:

Ciri pujôngga bungkêm, unyêng-unyêngan jaran mungsêr ana ing lambe kang dhuwur, watêke: bêcik, titihane Jayèngrana ing palagan, yèn ginawa prang unggul jurite.

Pujôngga ngumbara:

Ciri pujôngga ngumbara, jaran wulu irêng duwe unyêng-unyêngan ing lambe dhuwur, iku gêdhe prabawane, Senapati Jayèngrana singa kang katrajang gêmpur, iya iku titihane, kaya ta: Bathara Wisnu, luwih jayane.

Puyika:

zie gêni.

Payasa dhaharane para dewa P.R. III 31-9 v.o.

Payung:

zie abdi dalêm pangrêmbe II. Ing ngisor iki anane payung kuna:

5. Êndhog satugêl (ing dhuwur putih, ngisor kuning atal, banjur sèrèt, corèk ing jêro lung-lungan) agême pangeran sêntana.

12. Irêng, anggoning mantri.

9. Ijo sèrèt, agême: a. Putra dalêm kakung putri saka buri kang isih timur. b. Wadana.

10. Ijo byur, payunging kaliwon.

13. Abang, anggoning dêmang.

Putih sèrèt, agême riya panji sarta radèn ayu: wayah buyut dalêm.

4. Padhang bulan atal (ing dhuwur kuning atal, ngisor putih banjur sèrèt) agême putra dalêm kakung putri saka ampeyan.

--- 3 : 1451 ---

3. Padhang bulan gilap (ing dhuwur gilap, ing ngisor putih banjur sèrèt) agême putra dalêm kakung pambajêng saka buri.

8. Padhang bulan ijo (ing dhuwur gilap, ngisor ijo banjur sèrèt) agême kangjêng radèn adipati.

2. Gilap ora têrus, ruji, dhandhan sarta simbare kalilan nganggo kêncanan, nganggo manuk dewata, nanging nganggo sikil, iku agême: a. Garwa dalêm kangjêng ratu. b. Kangjêng gusti pangeran adipati anom. c. Putra dalêm kakung putri saka ngarêp kang wis jumênêng pangeran (kangjêng gusti pangeran arya) sarta Kangjêng Ratu. d. Putra dalêm kakung putri saka buri yèn kaganjar nama panêmbahan, utawa adipati (anane saiki Kangjêng gusti pangeran arya) apadene kangjêng ratu alit. e. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara.

1. Gilap têrus nganggo bara, ruji dhandhan sarta simbare: kêncanan (prada) nganggo manuk dewata tanpa sikil, agêm dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

11. Biru, anggoning panèwu.

6. Byur atal tanpa sèrèt, upacarane putra dalêm kakung putri saka ngarêp.

7. Byur atal nganggo sèrèt agême: a. Putra dalêm kakung putri saka ngarêp kang isih timur. b. Garwa dalêm kang nama radèn ayu. c. Upacara dalêm.

Ing kuna pisan

Ijo sèrèt pêpatih dalêm.

Ijo byur wadana.

--- 3 : 1453 ---

Biru kaliwon.

Irêng panèwu.

Abang mantri.

Agême songsong pangeran santana dhasar kuning corèk lunglungan, dhandhan cèt-cètan nganggo tunjung.

Agême songsong pêpatih dalêm, dhasar putih corèk modangan, dhandhan cèt-cètan nganggo tunjung.

Agême songsong wadana santana dhasare putih, wadana dudu santana: ijo, corèk lunglungan, dhandhan cèt-cètan, santana nganggo tunjung, dudu santana ora nganggo tunjung.

Anggoning panèwu dhasar ijo.

Anggoning mantri dhasar biru.

Anggoning rôngga dhasar irêng.

Mung sampeyan dalêm piyambak ing wayah bêngi ngagêm songsong.

Puyang:

zie wit.

Payung agung:

zie abdi dalêm kêmasan letl. i.

Payung kuning:

zie upacara letl. f.

Payung gilap:

zie upacara letl. f.

Pamanahan:

zie Mataram, kyai agêng ...

--- 3 : 1453 ---

Pamor:

Ing ngisor iki araning pamor tumrap ing kêris sawatara, kaya ta:

Pamor: udanmas, adêg têlu, adêg sapu, ujung gunung, ombak mas, ombak banyu, rondhuru, kênanga ginubah, kêmbang lampês, kêmbang pala, kêmbang blimbing, tumbal, tiga warna, sulur waringin, wêngkon, lawe satukêl, pandhan binêthot, palang sinundukan, pudhak satêgal, bendha sagada, bêras wutah, batu lapak, blarak ngirit

Dhapuring kêris: megantara, pandhawa, balebang, urubing damar, panji sinom, krêsna tinandhing, sumpanêr, lara saduwa, bathok, carangsoka, brojol, kalamisani, panji sêkar, bima kurda, carita, kêbo lajêr, cengkrong, parungsari, kradhan, tilam upih, pasopati, tilas sari, jalak andinding.

Zie Almanak A. Rusche 1907 blz. 20.

--- 3 : 1454 ---

Pamor (kawruh êmpu):

Araning pamor saka pratelane Ngabèi Jayasukadga abdi dalêm panèwu pandhe nalika taun 1830 kaya ing ngisor iki:

Iris-irisan pandhan, Udan mas, Adêg kurung, Adêg sapu, Ujung, Ujung gunung, Ombak banyu, Roning siwalan, Rondhuru kênanga ginubah, Kêmbang anggrèk, Kêmbang krambil, Kêmbang lampês, Kêmbang pudhak, Kêmbang bakung, Tikêl balung, Tambal, Tiga warna, Sanak, Saton, Walang sinundukan, Lintang kumukus, Lar kupu, Lar manuk, Lar gangsir, Lungsungan ula, Maskumambang, Bênang satukêl, Bendha sagada, Bêras wutah, Blarak ngirid, Babakan dalingsêm.

Pamurakan:

zie purak.

Pamade:

(= Pêrmadi) (padhalangan) wandane pangasih sarta pangawe zie Janaka.

--- 3 : 1455 ---

Pamudul:

van wudul zie panatah.

Pamatut:

' = kêndhang zie lokanônta.

Pamasa:

zie ratu.

Pamiwalkung (têmbang têngahan):

zie gambuh VI.

i - e - o - i // 8 - 8 - 8 - 8

Voorb. // Janur pitu sun wastani / sinêmbadan ing karsane / ingsun pupus raganing ngong / yèn tan tinimbangan ing sih //

Pamalêr:

zie panatah.

Pamularsih (têmbang gêdhe):

laku 15 pêdhotan 7-8 x 2 = 30 x 2 = 60.

Voorb. // Wangwang pra surawadu / prapta satêpining bèji / samya mêdhar busana / kang wastra kari salapis //

Lumenggang mangrak waya / ngalap tunjung nuksmèng warih / singkal kang wastra kerut / wanta ing ngangga dumêling //

Pamlaku:

zie panatah.

Pamiluta (padhalangan):

têgêse: bisa gawe ngêsing wayang kang nuju dadi lêlakon.

Pamulangan:

zie wulang.

Pamprang (iwak):

wangsalan Tjent. kang tansah jurit = prang.

Pamping:

Iku bangsaning kalong, dumunung ing tanah Indhu, mangan wowohan, ananging wong ing tanah Indhu nyaritakake yèn pamping iku sok nyêrot gêtihing wong utawa bangsaning khewan.

Pamujan:

zie puja.

Pamajêgan:

zie abdi dalêm kapatihan. letl. z. en zie ajêg.

Pamajêgan Klathèn:

zie abdi dalêm Klathèn letl. g.

Pamajêgan Bayalali:

zie abdi dalêm Bayalali letl. g.

Pamagangan:

zie magang.

Pambarung:

zie dêmung.

Pambêlah:

zie abdi dalêm kapatihan letl. t. bêlah.

--- 3 : 1456 ---

Pambayun:

nyai agêng ... zie K.L. no.4.

Pambayun:

zie Img. no. 101

Pambayun:

Pangeran ... zie K.G. no. 21.

Pambubut:

zie abdi dalêm pambubut en zie bubut.

Pamêngkang:

zie wêngkang.

Pegon:

zie landheyan no. 7.

Pagêr Kw.:

kuthi, tawing, tamping, wala.

Pugêr:

Pang. A. tundhuk lan ingkang raka Susuhunan Mang. R. Kartasura, sinangkalan: suci luhur rasaning ratuSengkalan: suci luhur rasaning ratu (1604 A.J., 1681/82 A.D.). (1604) Je.

Pugêr (padhalangan):

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pugêr ing Kartasura karsa yasa wayang purwa, babone wayang saka Mataram, Arjunane: mangu, amêcahi rêrênggane ratu sabrang liyêpan sarta panthêlêngan, nganggo kulambi sikêpan gêdhe, nganggo kêris sarta crigan, sawadya punggawane, patihe nganggo kulambi, nganggo kêris sarta pêdhang. Yaksa panyarèng sagolongane nganggo kulambi, kang ginawe sangkalan: yasa buta wadon, mripat siji tangan loro, dipraboti kaya panganggone buta lanang nganggo clana, nganggar kêris, dadi wis kaya buta lanang, dhasar yèn jagongan nganggo malangkêrik, ing padhalangan angarani buta: kênya wandu, kajupuk saka wujud lan prabote mau, unining sangkalan: yaksa nêmbah rasaning raja = 1625.Sengkalan: yaksa nêmbah rasaning raja (1625 A.J., 1701/02 A.D.).

Pugêr:

Pang. A. zie K.G. no. 22.

Pagrogolan:

' = para muwana P.R.

Pogok:

' = ambagêgêg zie rèh letl. k.

Pugalan:

kyai ... en nyai agêng ... zie K.L. no. 1 en 2.

Pagêlaran:

zie gêlar en zie pôncaniti.

Pogêlbèk:

Iku bangsaning khewan nganggo cocor kayadene bèbèk, kalêbu bangsaning trênggiling, dumunung ing tanah Ustraliyah, pasabane ing rawa, mangan iwak loh.

Pagiyanti:

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III. pêpanggihan lan ingkang paman Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B. I ana ing desa Giyanti bêdhami lèrèning prang taun 1682.

Pagêblug:

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, sabên manuk iku katon agawe kêkêsing atine wong, awit sok banjur ana pagêblug.

--- 3 : 1457 ---

Pêgêng:

nyai agêng ... zie Sel. no. 3.

Pabongan:

' = kobongan zie P.R. IV 196-3.

Pathi:

nyai agêng ... zie K.G. no. 6.

Pêtha:

zie banyu.

Puthon:

zie sayang.

Pathak:

zie srandu kêbo sapi en zie lacak.

Pathak:

zie srandu katuranggan.

Pêthuk:

zie wit (turi).

Pathêt (kaniyagan):

Kang diarani pathêtan iku cengkoking rêbab. Pathêtan iku lungguhe ana ing gamêlan slendro, padhane: sêndhon, lungguhe ana ing gamêlan pelog.

Puthut:

zie pandhita (10).

Puthut:

zie Yudhisthira.

Puthut (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris puthut: bênêr, gandhik nganggo pêthan pandhita.

Pathêt nêm, sanga sarta manyura:

zie Kartapati letl. e. Pathêt nêm iku unining gamêlan ing wayah sore têkan bêdhug bêngi.

a. Kang diarani pathêt nêm: 1. Pathêt nêm gêdhe. 2. Pathêt nêm cilik. 3. Pathêt nêm lasêm. 4. Pathêt nêm kêdhung.

b. Kang diarani suluk pathêt nêm: 1. Suluk kaloloran, iku kanggo yèn kadhatonan. 2. Suluk lasêm, iku kanggo yèn mêntas jaranan. 3. Suluk talutur, iku kanggo yèn susah of mati.

--- 3 : 1458 ---

c. Kang diarani grêgêt saut: 1. Grêgêt saut ada-ada, kanggo yèn jêjêr. 2. Grêgêt saut astakusala, laras barang miring, kanggo yèn ngarêpake jaranan, utawa yèn nuju prang kêmbang Bambang manah Buta. 3. Grêgêt saut pathêt nêm gêdhe. 4. Grêgêt saut pathêt nêm cilik.

d. Kang diarani playon pathêt nêm: 1. Playon tanggung pinjalan. 2. Playon kanggo pêrang gagal.

e. Kang diarani ayak -ayakan nêm: 1. Ayak-ayakan nêm gêdhe. 2. Ayak-ayakan nêm cilik. 3. Ayak-ayakan nêm lasêm. 4. Ayak-ayakan nêm anjangmas. 5. Ayak-ayakan nêm talutur.

Pathêt sanga:

Pathêt sanga iku unining gamêlan ing wayah têngah wêngi têkan bêdhug têlu (satêngah papat).

a. Kang diarani pathêt sanga: 1. Pathêt jêngking. 2. Pathêt manyura gêdhe. 3. Pathêt manyura cilik. 4. Pathêt jêngking manyura.

b. Kang diarani suluk pathêt sanga: [s...]

--- 3 : 1459 ---

[...anga:]

... Hal. 1459 - 1461 kosong.

--- 3 : 1462 ---

1. Suluk sêndhon elayana. 2. Suluk sastradatan manyura gêdhe. 3. Suluk sastradatan manyura cilik. 4. Suluk tlutur barang miring, iku kanggo yèn wayah susah utawa mati.

c. Kang diarani grêgêt saut: 1. Grêgêt saut sanga gêdhe. 2. Grêgêt saut sanga cilik. 3. Grêgêt saut manyura gêdhe.

d. Kang diarani playon pathêt sanga: 1. Playon sanga gêdhe, 2. Playon sanga cilik ... kanggo pêrang kêmbang, iramane mundhak sêsêg tinimbang karo playon nêm. 3. Yèn wis wayah mênêng jam 3, playone aran: srêpêgan sanga, iramane mundhak sêsêg manèh tinimbang karo playon prang kêmbang.

e. Kang diarani ayak-ayakan sanga: 1. Ayak-ayakan sanga gêdhe. 2. Ayak-ayakan sanga cilik. 3. Ayak-ayakan jêngking.

Pathêt manyura:

a. Pathêt manyura iku unining gamêlan ing wayah bêdhug têlu (= satêngah papat) têkan byar, nanging pathêt manyura gêdhe kêna sinilih ing wayah sore (= pathêt nêm) yèn nuju kadhatonan, utawa paseban jaba, apadene babak unjalan.

--- 3 : 1463 ---

b. Kang diarani: babak unjalan iku yèn nuju jêjêr utawa adêgan liyane, môngka ana wayang kang têka, muni gêndhing utawa ladrangan, iku kang diarani babak unjalan mau.

c. Kang diarani: playon pathêt manyura, iya aran: playon pathêt manyura, iramane luwih sêsêg manèh tinimbang karo srêpêgan.

d. Kang diarani ayak-ayakan manyura: 1. Ayak-ayakan manyura. 2. Ayak-ayakan sastradatan.

Pothès:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Pêthêl:

zie srandu kêbo sapi.

Pêthil:

pêthilan zie srandu kêbo sapi.

Pêthèl:

zie srandu ukiran.

Pithing Kw.:

kamitra, kathira, dahri, darika zie yuyu.

Pang Kw.:

' = êpang.

Pêng Kw.:

tuju, sambung.

Ping:

1. Kw. kaping, 2. W.H. tênggêl. 3. Bangsaning manuk kaya ta:

a. Ping nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah unine kaya swaraning musik.

b. c ... id.

c.

d. Ping nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngah, mangan wowohan, swarane bêcik bangêt, sarta yèn diingu bisa cumbu, lan supaya wuwuh ing bêcike swarane mripate karo pisan diwêsi bang, supaya picak.Kelanjutannya pada hal. 1474.

--- 3 : 1464 ---

Panganan:

Araning panganan kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki: êntèn-êntèn, ondhe-ondhe, êndhil-êndhil, unthuk banyu, inthil, urat sêga susu ? horog-horog, arang-arang kêmbang, utri, iwêl-iwêl, hawug-awug, alu-alu, ulèn-ulèn abang putih, ulêr-ulêr, êlog-êlog, opak angin, opak jarit, apêm kocor, êmplèk-êmplèk katul, ampyang, êmbêl-êmbêl, obat angêt.

Na.

Cao, criping, carangmadu, clorot, cimplung, cêthot, cêthot juruh, cêngkaruk, rondhe, rôndha kèli, roti bolu, rujak kawis, rambutan, rangin, rêngginan abang putih, kèci, kicak, krasikan, karag, kêtan ragèn, kêtan kolak, kolak, kêlak-kêling, kaluwa sukun, kaluwa waloh, klêpon, kupat, kupat monjit, kêpêl, kêmplang, kumbu, kêmbang waru,

--- 3 : 1465 ---

kêmbang pulu, kabul.

Da

Têtêl abang putih lan biru, têtêl onggok, têtêl walur, têtêl juwawut, têtêl jagung, têtêl gadhung, têtêl gêdhang, tawonan, tape, tape kambang, timus, tumpi, têbon, srikaya, satru arum, sêmartinandhu, sêmarmêndêm, sampora, sumping, sagon, sabun gada, sabun gêdhang, srabi, srabi pokak, widaran, wolak-walik, walangan, wajik, loncis, lonthong, ledre, lêpêt, lopis, lêmèt, lêmpêr, lêmpog, lèmpèng, limpang-limpung, lêgôndha, pradapan, pasung, puli, plèrèd, pipis kopyor, pipis tuban, pipis sagu, pipis jagung, pudhak, puthu cangkir, puthu têgal, puthu mayang, puthu bathok, dhawêt, dhawêt tlasih, jênang rangrang, jênang dodol, jênang jagung, jênang galembyor,

--- 3 : 1466 ---

jênang alot, jênang abang, jênang cindhil, jênang caca, jênang caca bêndha, jênang kênul, jênang katul, jênang kukus, jênang kalong, sungsum, jênang lahang, jênang lêmu, jênang pathi enz, jênang jagung, jênang manggul, jênang grêndul, jênang baro-baro, jênang bubur, juwadah, jalabiya, jêmunak, jongkong.

Ya

Nya

Mêniran, mêndut, muntên, madusirat, gandhos, gandhos wingka, gandhos gimbal, garu, grontol, grubi, gêti, glali, gêplak, gipang, gêmpol plèrèt, gêmblong, gablog, gêblèg, gêthuk, ganggêng kanyut, bantalan, brondong, brêm, bikang.

Tha

Nga

Panganan:

zie sêga.

Panganan, wowohan sarta olah-olahan zie abdi dalêm wadon no. 14.

--- 3 : 1467 ---

Pangantèn:

zie sasi (4). Ing ngisor iki petung lakuning pangantèn:

Bêsar, Sura, Sapar ... Aja mangetan lan mangulon.

Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal ... Aja mangalor lan mangidul.

Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah ... Aja mangetan lan mangulon.

Pasa, Sawal, Dulkangidah ... Aja mangalor lan mangidul.

Pangantèn yèn kêpêthuk: sampeyan dalêm: ora nyimpang, sampeyan dalêm kang karsa nyimpangi: banjur tindake.

Wiwite putrane panjênêngan ratu saka ampeyan, yèn dadi pangantèn têmu ana ing kapatihan, nalika jumênênge Prabu Basukèsthi ing Wiratha, sinangkalan: barakan tataning gati (550) P.R. IV 61- 3.

--- 3 : 1468 ---

Wiwite pangantèn sapasar kaundhuh saka Prabu Brahma Raja ing Gilingwêsi besanan karo kang rayi Prabu Wisnupati ing Mêndhangkamulan, têmuning pangantèn barêng wis sapasar: kaundhuh, kanggo tuladan tumêka saiki, sinangkalan: bayu bahni toya muksa (435) P.R.II. 191-4 v.o.

Wiwite ana pangantèn têmu banyu mili, saka Prabu Brahma Raja ing Gilingwêsi, besanan karo kang rayi Prabu Wisnupati ing Mêndhangkamulan, putra loro têmu seje dina, tinulad tumêka saiki P.R.II. 214-5.

Têmuning pangantèn nganggo isarat, kang lanang nganggo nglangkahi jôntra, wusu, likasan sarta kukusan, iyan, ilir, enthong. Kang wadon anglangkahi garu, waluku, sarta pacul, linggis, iku miturut agama Sambo P.R.II. 23-7 en 8.

Pangantèn:

kangjêng ratu ... zie Img. no. 70

Pangêcèt:

zie abdi dalêm pangêcèt.

Pangrukmi:

zie rukmi.

Pangratus:

zie ratus.

Pangrasa:

zie rasa.

Pangrawit:

zie gend. en zie rawit. Bangsal pangrawit iku gawan saka Kartasura panggawane barêng lan têdhak dalêm pindhah marang Surakarta, sinangkalan: barakaning pandhita winayang tunggal (1670).Sengkalan: barakaning pandhita winayang tunggal (1670 A.J., 1745 A.D.).

Pangrampit:

Nalika dahuru pangrampit sinangkalan: bahni cala obahing janma (1673).Sengkalan: bahni cala obahing janma (1673 A.J., 1748/49 A.D.).

--- 3 : 1469 ---

a. Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat, banjur nama Radèn Tumênggung Wiryadiningrat, iya iku Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, Ridêring Ordhê Nèdêrlansên Leyo, pêpatihing karaton dalêm Surakarta. Sumare Manang (Kartasura).

b. Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat. Putrane Kangjêng Radèn Adipati mau, mantu dalêm P.B.IX.

c. Radèn Tumênggung Atmadiningrat (Radèn Ngabèi Mangkudipura Kaliwon Urdênas).

--- 3 : 1470 ---

Pangrêmbe:

1. zie abdi dalêm pangrêmbe, 3. Zie W.H. têgêse: bumi sêsêliran, iya iku bumi kang ngladèkake abon-abon, kaya ta: bêras, kayu, lênga, pari, uyah, kapuk, kopi sapanunggalane, apa manèh bumi kang kondur sumampir ana kabupatèn pangrêmbe, dadi pajêg dhuwit iku minôngka pêpancène kalangênan dalêm kang wis ambobot, yèn wis miyos kaparingake dadi lungguhe ing putra, banjur diunus saka pangrêmbe manèh, dadi lungguh kasêntanan, mêngkono sapêpadhane, dadi têmbung: pangrêmbe mau duwe murad: pangrêrêm, utawa: panandhon, anane bumi pangrêmbe dhèk jaman Mataram, jumênênge Ingkang Sinuhun Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, 4. zie rêmbe (a, b).

Pangrêmbag:

zie panatah.

Pangrungu:

zie kuping.

Pangku:

kêpangku (minggiran) yèn ngarani prau kandhas ing buri: kêpangku.

Panguku:

zie panatah.

Pangkur (têmbang cilik):

a - i - u - a - u - a - i . // 8 - 11 - 8 - 7 - 12 - 8 - 8

Voorb. // Nimas Ratu Kalinyamat / tilar wisma mratapa anèng wukir / tapa wuda sinjang rambut / nèng wukir [wu...]

--- 3 : 1471 ---

[...kir]

...

--- 3 : 1472 ---

Danaraja / apratignya: tan arsa tapihan ingsun / yèn tan antuk adiling Hyang / ukume sadulur mami // B.P.

Pangkur:

têgêse: buntut, kang nganggit Susuhunan Muryapada zie J.K. 1900 no. 63.

Pangukir:

zie abdi dalêm pangukir en zie ukir.

Pangot:

zie ukiran

Pingit:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII

Pangasih:

zie pamade

Pangasih:

zie gend

Pangasih (gamêlan):

Jumênêng dalêm P.B. IV yasa gamêlan pelog, kaparingan aran: Kyai Pangasih, kanggo tabuhane kalangênan dalêm badhaya srimpi yèn nuju dina pasamuwan.

Pangêsik:

zie ukiran

Pingstêr:

zie Ngisa letl. e

Pangawe:

zie pamade

Pangawe:

zie (W.H.)

Pangulu:

zie abdi dalêm pangulu en zie ulu

1. Mas Pangulu Amad Tahar, sumare Lawiyan, 2. Mas Pangulu Jaka Riya sumare Lawiyan, 3. Mas Pangulu Tapsiranom I, sumare Kuthagêdhe, 4. Mas Pangulu Martalaya, sumare Pajang, 5. Mas Pangulu Sumêmi, sumare Pajang, 6. Mas Pangulu Dipaningrat, sumare Pajang, 7. Mas Pangulu Tapsiranom II, sumare Pajang, 8. Mas Pangulu Tapsiranom III (Bagus Muslim) sumare Pajang, 9. Mas Pangulu Tapsiranom IV (Salekan) sumare Pajang Saripan, 10. Radèn Pangulu Tapsiranom V (Kêtib Arum)

Pangilon:

wong ngilo karo gumuyu: ora ilok

Pangalasan:

(W.H.) têgêse juru alas, kuwajibane amèk kayu jati ing alas, kaparingan lungguh bumi desa 112 karya, utawa 28 jung.

Panglawe:

(W.H.) kagawa saka lungguhe 25 karya, utawa 6 1/16 jung, kuwajibane dadi sor-soraning panèkêt, iya uga ngêrèhake palaku utusaning nagara.

Panglubar:

Voorb. Lamun kang anggugat ora têka, sira ubayanana panglubar. Têmbung: lubar = lêbar of ibra, dadi yèn wong anggugat ora têka ing dina kang ditamtokake, banjur kaibrakake J.W.

Pangambu:

zie ambu.

Pangombèn:

zie upacara letl. f

Pangêmbang:

zie kêmbang.

--- 3 : 1473 ---

Pingil:

Pangandikane Nabiyullah Salalahu Ngalaihi Wassalam, kabèh kawulaningsun padha sira kawruhana pingil masalahe wong alêlungan, kang muni ing dalêm kadis.

tanggal

1. Tan alaba, 2. Olèh laba, 3. Nora bêcik, 4. Tan alaba rêkasa anèng paran, 5. Nêmu laba, 6. Tan nêmu laba ilang gawene, 7. Prayoga nêmu rahmating Pangeran, 8. Lara ana ing paran, 9. Nêmu pati, apêse nêmu pakewuh, 10. Nêmu laba rahayu, 11. Pênêd, 12. Tan alaba, 13. Olih kalamun utang, 14. Bêcik nèng paran nêmu laba, 15. Ayu olèh êmas iku, 16. Tan antuk laba, 17. Rahayu, 18. Nêmu laba, 19. Pênêd rahayu, 20. Gêring nèng marga,

--- 3 : 1474 ---

21. Anggarêsah nèng paran, 22. Ayu bêcik, 23. Olèh laba, 24. Pênêd, 25. Ala, 26. Pati urip, 27. Ala tukar anèng marga, 28. Olèh laba, 29. Olèh rahmating Pangeran, 30. Ditagih utange nèng paran.

Ping:Kelanjutan dari hal. 1463.

e. Ping salju, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih lor, wêntala marang adhêm. f. Ping nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngah môngsa walang, utawa mangan wowohan, watêke alihan, ora tahan marang adhêm.

Pung Kw.:

jodho.

Pèng:

niet.

Pong:

niet.

Pang êndhas:

zie srandu kêbo sapi.

Pangan:

haksana, nêdha K, dhahar K.I. madhang N. bukti. baksana.

Pangandikane sujana:

Sabêcikane mangan warêg bêcik mangan kurang. Sabêcikane mangan kurang bêcik mangan saanane. Sabêcikane mangan saanane bêcik mangan satêmune. Sabêcikane mangan satêmune bêcik mangan saluwene. Sabêcikane mangan saluwene bêcik puwasa sakuwasane P.R.III. 163-1.

1. Wong mangan ajang godhong pucukan. 2. Karo têturon. 3. Karo lumaku. 4. Karo ngore rambut. 5. Sêga isih panas ... Kabèh dadi pangane Bathara Kala.

--- 3 : 1475 ---

Pinggir:

(W.H.). Kang diarani: wong pinggir, iku asline wong desa Makamhaji, mula-bukane mangkene: dhèk timure Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.I. (Mataram akir) diinyakake marang wong liya- liyane ora karsa nêsêp, barêng wong pinggir banjur karsa, barêng jumênêng ing Kartasura wong pinggir kamijèkake macung ing ngarsa dalêm dhewe, utawa sabên ana babaran putra nganggo ngladèkake inya lêstari tumêka saiki, dene parentahane kasusupake marang Kabupatèn Bumigêdhe zie gêdhe.

Panggirik:

zie panatah.

Punggawa Kw.:

Nayaka, Partiwa, Bupati, Tumênggung, Partiwadya, Batha, Sumantri, Partiwabala, Bathamukya, Wadana, Mantriman, Pratiwa, Manguri, zie tumênggung en bala

Pingguwin:

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih lor, pasabane ing sagara anjêndhêl, ngupaya pangan iwak.

Panggung:

1. Wiwite ana panggung dhèk Karaton Ngastina panjênêngane Prabu Dwipakeswara = Palasara, sinungan gathita ing dhuwur pisan, tinulad kayadene karaton ing jaman saiki, sinangkalan: rasaning waudadi karungu muluk (646). 2. Dadine panggung Surakarta jumênêng dalêm P.B.III sinangkalan: naga muluk tinitihan janmaSengkalan: naga muluk tinitihan janma (1708 A.J., 1781/82 A.D.). (1608).1708. 3. Panggungan (= sumpingan). Panataning wayang tinancêbake ana ing gadêbog aran: panggungan, kang nata aran: nyumping, utawa: panggungan = sumpingan. Panyumpinge kudu urut kang gêdhe dhisik saka pinggir banjur maju ma-Dilanjutkan pada hal. 1487b.

--- 3 : 1476 ---

Punggawa:

W.H. Ing ngisor iki sêsêbutan utawa pangkat lan kuwajibane para putra santana sarta punggawaning ratu ing jaman kuna ingaran: waduaji, kaya ta: 1. Ôndhamoi Wbk. = tôndhamoi W.H. têgêse: limpad marang pakarti, kapatah amêminta pagaweaning abdi dalêm kriya. 2. Arya, têgêse: luhur utawa padhang. 3. Arya niti, têgêse: wadana sêtya utawa: gêdhong. 4. Arya kadha, têgêse: wadana dagang. 5. Arya tiron, têgêse: wadana têlik. 6. Arya leka, têgêse: wadana pananggalan. 7. Arya pêpati, têgêse: wadana parentah. 8. Arya jômba, têgêse: wadana pasucèn. 9. Arya manguri, têgêse: wadana pangudharan. Winênangake angowahi karampungan kang nalisir. 10. Adèn-adèn, têgêse: pangkat panèwu utawa panglawe. 11. Adipati, têgêse: panggêdhening parentah. 12. Adipati kupu, têgêse: adipati kang wis mardika. 13. Ulubalang, têgêse: pangarêping pacalang utawa juru nglakokake layang marang ngamônca praja. 14. Umbul, têgêse: pêpundhèn, pangkate panatus. 15. Nayaka, têgêse: panunggul. 16. Rahadèn, têgêse: sêsotya,

--- 3 : 1477 ---

utawa bagus. 17. Radèn Mas, têgêse: sêsotya êmbanan kêncana. 18. Radèn Bagus, têgêse: sêsotya bêcik. 19. Ratu,§ Apa bênêr panjênêngan ratu winor ing waduaji. têgêse: nyarambahi. 20. Rôngga, têgêse: wêngku. 21. Kaum, têgêse: jêjênêng. 22. Kandhuruan, têgêse: palerenan. 23. Karêrêngan, têgêse: juru nganglang pura. 24. Karaman, têgêse: arahan, iya iku wong cilik kang ora nyôngga gawe, ngindhung utawa magêrsari, nyagakpat. 25. Kaliwon, têgêse: kapiji utawa rong èwu. 26. Kalang, ambawahake alas pajatèn. 27. Kalang ilir, nêrês wit sarta ngrampas kayu pang jati. 28. Kalang èdhèg, andhêdhêgi kayu kang arêp ditêgor. 29. Kalang kamplong, nawar sagunging kayu kang singit-singit. 30. Kajinêman, kang kapatah ngulat-ulatake laku kadurjanan sajroning nagara.

--- 3 : 1478 ---

31. Kiyai utawa: kaki, têgêse: pituwa. 32. Kabayan, kapatah dadi lantaran. 33. Kangjêng, têgêse: ingkang suku. 34. Daksa utawa: jaksa, têgêse: sujana utawa: wicaksana, kabubuhan anggarap prakara. 35. Dêmang, têgêse: bêbundhêl. 36. Tôndhamoi = Ôndhamoi. 37. Tôndha mantri, juru pamupu beya ing pasar-pasar. 38. Tuwarawa = juru silêm, kapatah misaya iwak kali zie wwh - 44- 7.

T.A. 174. 10 v.o.

W.H. Jambaleka = Warigaluh.

39. Tuwaburu, kang kapatah ambêbêdhag buron alas. 40. Tumênggung, têgêse: dhênggung utawa têtindhih. 41. Sinang arya, sinêbut: luhur. 42. Santri, têgêse: sakabat utawa panakawan. 43. Senapati, têgêse: mangku parentah. 44. Sarati, têgêse: angkus of kusir. 45. Suratani, têgêse: kêkêndêlaning wong

--- 3 : 1479 ---

cilik kang nyôngga gawening ratu, lungguhe saparoning paragak. 46. Sikêp, têgêse: nyêkêl. 47. Susuhunan,§ Padha kaya pitakon ôngka 19. têgêse: pêpundhèn. 48. Singasari, têgêse: singabarong, iya iku prajurit kang kapatah rumêksa para biyadaning ratu. 49. Wirancana, têgêse: anglingan, iya iku prajurit miji. 50. Wuruk, kusiring padhati, titihane panjênêngan ratu yèn bêdhat pikat mênyang alas. 51. Wirasinga, têgêse: pikuwat, iya iku prajurit jaba. 52. Wirajanu, têgêse: panglingan, iya iku prajurit pinilih. 53. Wirajaya, têgêse: karajan, iya iku prajurit jêro. 54. Warigaluh = tuwarawa. 55. Wadana, têgêse: pangarêp. 56. Wadya, têgêse: rakêt. 57. Lurah = ulu-ulu, lungguhe saparoning panglawe zie no. 10.

--- 3 : 1480 ---

58. Pane? têgêse: panggondhèl. 59. Panêkar, têgêse: rowanging wadya utawa madhangake têmbung. 60. Panèwu, têgêse: golongan utawa: sèwu. 61. Panêmbahan = kang sinêmbah. 62. Pandêlêgan, juru tênung of nujum. 63. Panji, têgêse: têtunggul utawa banthèng, sor-sorane lurah pangarêping prajurit. 64. Panjang jiwa of panjang jihwa, kang kabubuhan andhawuhake parêntah (jiwa = nyawa, maar jihwa = lidhah). 65. Panunggul, kang kapatah ngêrèh para kawula magang. 66. Pêcattôndha of pêcat ôndha, têgêse: uwaling têtêngêr, iya iku wadana pabeyan sarta pabandaran (of kabandaran) laut. 67. Prajurit = pêrang. 68. Prajurit sinêlir = kanthi kang ora adoh. 69. Prameya, têgêse: bôngsa linuwih. 70. Pragak, têgêse: tugu, kawajibane ngrampungi prakara cilik ing desa kang kêna dirukun, lungguhe saparoning bêkêl. 71. Pakulupan = pamagangan. 72. Pakathik, têgêse: kanthi.

--- 3 : 1481 ---

73. Patih, têgêse: parentah. 74. Patya tandha, têgêse: wadana pabeyan sarta pabandaran (kabandaran) dharat. 75. Patinggi, têgêse: pamangkat, lungguhe saparoning lurah. 76. Pasêpan, têgêse: têlik. 77. Pasingsingan, kang kapatah mariksani wadya kriya. 78. Palimpingan, juru pralambang, utawa ulah jangkaning praja. 79. Palingsingan, kang kapatah ngêrèh wadya anon-anon. 80. Pujôngga, wong wignya, kang kapatah ulah kasusastran, minôngka damaring praja. 81. Pamotan, têgêse: kang kêna pinitaya ing Gusti, simpên wadining praja. 82. Pangeran, van pangeran, têgêse: pangawulan. 83. Pangulu, têgêse: sêsirah utawa pangarêp. 84. Pangalasan, kang kapatah amèk kayu ing alas.Dilanjutkan pada hal. 1487e.

--- 3 : 1482 - --

...

--- 3 : 1483 ---

Pêngging:

Kang jumênêng nata ing Pêngging: 1. Prabu Kusumawicitra ing Mamênang jêngkar marang Pêngging sinangkalan: swaraning pandhita kasalira (877) boyonge sinangkalan: anrus swaraning salira (879) Je. 2. Prabu Citrasoma, sinangkalan: netraning bujôngga salira (882) Wawu. 3. Prabu Pôncadriya, sinangkalan: hèsthi saliraning naga (888) Dal. 4. Prabu Anglingdriya, sinangkalan: warna trusing salira (894) Jimawal. 5. Prabu Andayanata (mantu Ajisaka) sinangkalan: obahing gêni sirnaning janma (1036) Ehe. 6. Prabu Andayaningrat I, sinangkalan: buta lima muluk ing jagad (1055) Dal. 7. Prabu Andayaningrat II, sinangkalan: ratu ngrasa luhuring jagad (1061) Jimawal. 8. Kalana Prabu Tunjungseta, sinangkalan: tanpa swara tanpa rupa (1070) Je.

Umbul Pêngging kaêjogake ing kadhaton Surakarta nalika taun 1708.

--- 3 : 1484 ---

Voorb. // Panêmbahan Madiun lingnya ris / nora nyana lamun wong Mataram / têka mangkono dadine / wong Mataram puniku / Wisamarta ingsun arani / marta lamis kewala / wisa batinipun / panêmbahan angandika / marang garwa tuwin para putra sami / padha sira dandana // B.M.

Dhandhanggula têgêse: ngajab mêmanis, utawa godhong kanggo paès, kang nganggit Susuhunan Kalijaga J.k. 1900 no. 63.Keterangan ini seharusnya untuk entri: Dhandhanggula (têmbang cilik) pada hal. 1486.

Dhar:

Tj.B. suka.

Dhêr:

niet.

Dhir:

Tj.B. jênêng.

Dhur:

Tj.B. turu.

Dhèr:

Tj.B. akèh.

Dhor:

niet.

Dhuku:

Wangsalan Tjent. kang trêpsila ajrih = andhêku.

Dhukun 1:

zie abdi dalêm wadon no. 34.

Dhukun 2:

zie maesa kamale.

Dhukun 3:

zie Sêmar.

Dhukun 4:

Mariyêm Kyai Dhukun, iku pisungsunge Tuan Jendral Pan dêr Lim ing Batawi, marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, nalika taun 1645. Utawa taun Jawa 1573.

Dhukun korèng:

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Amerikah, mulane manuk iku diarani mangkono, awit yèn ana wong lara korèng, môngka nyêdhakake manuk mau, korènge amêsthi gègrèg, saka kataman daya prabawane manuk dhukun korèng.

Dhukun maspikula:

Ciri dhukun maspikula, jaran wadon wulu abang duwe unyêng-unyêngan ing uwang, watêke bêcik, kang ngingu nêmu raharja.

Dhukun mangsiguna:

Ciri dhukun mangsiguna, jaran wadon wulu abang surine sulak putih, watêke bêcik, yèn ginawa prang yuwana rahayu slamêt, luhur kang tinêmu.

Dhukut:

zie wuku.

Dhatu, kadhaton:

Kadhatone ratu Jawa iku kang ditelad kadhatone Bathara Endra, aran-arane kaya ing ngisor iki:

Kori ijo kidul, kang malêbu marang kaputrèn, saiki aran: Wiwarakênya.

--- 3 : 1485 ---

...

--- 3 : 1486 ---

Dhandhang aring-aring:

Ciri dhandhang aring-aring, unyêng- unyêngan jaran ana ing pok kuping, watêke luwih dening panas, ora bêcik dèn ingu.

Dhandhang nunggang jisim:

Ciri dhandhang nunggang jisim, jaran wulu irêng duwe unyêng-unyêngan mungsêr ana ing lambe kang dhuwur, watêke ala, gêringan kang ngingu, olèh pocapan ala.

Dhandhang susumping:

Ciri dhandhang susumping, unyêng-unyêngan jaran ana ing kuping, lêt sanyari karo poking kuping, watêke ala, sabarang kang tinêmu anjalari kasusahan.

Dhandhang sêsêngkan:

Ciri dhandhang sêsêngkan, unyêng- unyêngan jaran gumantung ing kuping, watêke ala, kêna ing panyakrabawa utawa tarka ala.

Dhandhang suwêng:

Ciri dhandhang suwêng, unyêng-unyêngan jaran ana sangisoring kuping, watêke panas, nyumpingake kala wisa.

Dhèndhèng wong:

Ciri dhèndhèng wong, unyêng-unyêngan jaran manggon ana prênahing sangga wêdhi, iku ala bangêt, anyilakani.

Dhandhang mangayah:

Ciri dhandhang mangayah, jaran wadon wulu irêng duwe unyêng-unyêngan ana ing sikil kiwa, watêke: ala, kang ngingu utawa kang nunggangi: cilaka.

Dhandhanggula (têmbang cilik):

i - a - e - u - i - a - u - a - i - a // 10 - 10 - 8 - 7 - 9 - 7 - 6 - 7 - 12 - 7Teks tembang ada pada hal. 1484.

--- 3 : 1487 ---

Dhêndhan kukudan:

Dhêndhan kukudan iku lakuning dewa dina yèn ambênêri wuku Galungan, ing dalêm têlung dina: Ngahad, Sênèn lan Salasa, iku padha tiba kala, muni ing layang Cênthini kaya ing ngisor iki:

Dhandhanggula

walêr sangkêr malih saprakawis / wuku satunggal nuju Galungan / nênggih dhungulan wastane / tigang dintên puniku / Dite Soma Anggara nênggih / Dewa Kala tri dina / ringkêl gung puniku / ringkêling para Jawata / lamun nuju Galungan ing tigang ari / minggu tan ana obah //

sakyèhning Jawata ngawiyati / miwah para Jawatèng bantala / Jawatèng samodra dene / dewaning kutu-kutu / walang taga tan ana kari / ing dalêm tigang dina / sumêne aminggu / ingaran: dhêndhan kukudan / barang karsa tan bêcik kêna ing sarik / pangapêsaning dewa //

Dhêndhasanti:

zie gend.

Dhêndha sèwu:

zie gend.

Dhêndha pracôndha:

80 (5 enz) x 4.

Dhêndha prawara:

136 (19 enz) x 4.

Dhêndha pralêbda:

176 (22 enz) x 4.

Dhêndha jiwa:

39 (9.9.9.9) x 4.

Dhêndha gêdhe:

zie gend.

Dhêndha baswara:

96 (12 enz.) x 4.

Dhandhang (katuranggan):

Yèn arêp ngarah bisane lumaku andhandhang zie laku letl.g.

Dhondhong (padhalangan):

Mata kadhondhongan zie mata no. 3.