Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

--- 3 : 1487a ---

Dha:

1. Dha, aksara ilat zie ra. 2. Dha, aksara dayasastra zie da. 3. Pasangan dha ana sangisoring aksara murda sêsigêging wanda, kaya ta: tôndha, pusdhara.

Dha:

Tj.B. marga.

Dhê:

niet.

Dhi:

1. Tj.B. awas, 2. Kw. luwih.

Dhu:

Tj.B. aris.

Dhe Kw.:

dening.

Dho:

niet.

Dhah:

Tj.B. tuduh.

Dhêh:

niet.

Dhih:

niet.

Dhuh Kw.:

adhuh.

Dhèh:

Tj.B. prihatin.

Dhoh Kw.:

hèh, adoh.

--- 3 : 1487b ---

nêngah-manengah antaraning sumpingan kiwa têngên kagodhag sapanggayuh sisih, iya iku papaning pamaya.

Wiwite wayang purwa kapanggung, saka karsane Prabu Suryamisesa ing Jênggala zie Kasatriyan.

4. Panggungan kayu.

Anane panggungan kayu kang nganggit Susuhunan Bonang jaman Dêmak taun 1443. Panggungan mau kang ginawe kayu dibolongi zie wayang purwa rai miring.Keterangan ini kelanjutan dari entri: Panggung pada hal. 1475.

Panggung rencog:

Ciri panggung rencog, jaran wulu abang pancal sikile ngarêp kang kiwa, watêke ala, yèn ginawa prang kang nunggang nêmu pati.

Panggung pancaka:

' = mèru pancaka.

Panggang wêlut (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak panggang wêlut luk 5 rekol, gèpèng.

Panggang lele:

(id). Dhapuring tumbak panggang lele luk 5 rekol, gèpèng nganggo grènèng.

Pangangsu:

en panyapu zie abdi dalêm kapatihan letl. q

Dhênuh (kawruh êmpu):

Wêsi dhênuh iku wêsi ala, rupane biru sêmu abang, sawangane wingit, asale saka Iblis laknat kang andadèkake wêsi iku, yèn dithinthing unine: hung, landhung ambrangêngêng, bangêt panase, lan cêngkiling dhêmên gawe satru, ngrusak manungsa, ora kêna dèn anggo wêsi iku, dadi amung kamor bae iya ora kêna, wis dadi watake wêsi iku mau, dèn ngati-ati, pama aja wani-wani nganggo.

Dhêndha:

zie gend.

Dêndha ulas simparan:

192 (24 enz.) x 4.

Dhandhun:

zie gend.

--- 3 : 1487c ---

Punggawa:

R.K. walirahapi. / walira apyuy. / walira kambi. / walaka. / wogan. / leka, arya ... / lêlungidan. / panakatèn. / pandhêlêgan ulah tênung sarta pagêring. / panji. / panjangjiwa. / pakulupan. / patyatôndha. / palimpingan. / pêpati, arya ... / pujôngga. / pamot, arya ... / pangalasan. / juru jangkar. / jaru mab. / jômba, arya ... / jagulngare. / manguri. / ganjaran. / gara-gara. / gayung pangalap. / bujaburu. / buyut. / ngabèi. /

--- 3 : 1487d ---

êsungkulung. / kalungkung. / kuku, adipati ... / kajinêman. / tôndha. / tiron, arya ... / binubuhan karya. / tambir. / suraya. / sêsêpan, nganglang ing wayah bêngi. / suguh. / sabuk alu. / sangadèn. / singasari, arya ... / wiraraja, arya ... / wirasinga, arya ... / warajungkas walakas. / wirabajra. / watukalang. / watukalingking. / watuwalira. / watuparang. / watupasung. / watugêni. / watuganjur.

--- 3 : 1487e ---

Punggawa:

W.H.Kelanjutan dari hal. 1481.

85. Panglima, têgêse: mantri mônca lima. 86. Punggawa, têgêse: pangayap. 87. Jajar, têgêse: pangarêping laku. 88. Jambaleka, têgêse: mantri tuwarawa. 89. Mantri, têgêse: linuwih. 90. Manguri, têgêse: mudhari prakara. 91. Gandhèk of. anggandhèk ... têgêse: utusan. 92. Gus of.mas agus ... têgêse: bagus of êmas bagus. 93. Gusti, têgêse: rahsa, gunêm. 94. Bêndara, têgêse: aub-aub. 95. Bêkêl, têgêse: tunggu, ancêr, lungguhe saparoning pratinggi. 96. Bala, têgêse: pagêr. 97. Bupati, têgêse: bawahaning parentah. 98. Bêbuyut, têgêse: têtuwa, pangkat panèkêt. 99. Ngulama, têgêse: ulah ngèlmu. 100. Ngabèi, têgêse: ngimpuni.

Punggawa:

R.K. Ing ngisor iki araning punggawa kang muni ing layang Raja Kapa-kapa, kaya ta: andaka, ôndhamoi, êsungkawung.

Dhatu, kadhaton:

Kori ijo lor, timbangane kori ijo kidul, saiki aran: wiwarapriya.

Kori Rêntêng, saburine Sitinggil, kaprênah ing undhak- undhakan kang dhuwur.

Kori Kamandhungan, antaraning kori Brajanala lan kori Srimanganti.

Kori Trêmboko, sakidule kori Pacikêran.

Kori Sarasêja (= Brajanala of gapit kidul) zie P.L. II 11-3 v.o.

Kori Srimanganti, kunane aran kori Panunggul, sapatine Prabu Newatakawaca iya Maha Prabu Srimanganti, ana ing kori Panunggul, kori Panunggul mau ingêlih aran marang Bathara Endra aran kori Srimanganti.

Kori Saleko, sakidule kori Gadhungmlathi.

Kori Supiturang, sawetan lan sakuloning Pagêlaran.

Kori Wijil pindho, prênah saêntèking undhak-undhakan dhuwur kang marang Sitinggil.

Kori Wijil pisan, saburine iring kiwa karo bangsal Pangrawit.

Kori Pacikêran, sakidule kori Supiturang, sawetan lan sakuloning Sitinggil.

Kori Pamurakan, sakidule kori Gladhag.

Kori Pamêngkang, sakiwa têngêning Pagêlaran.

Kori Mangu, saburining Sitinggil, kaprênah undhak-undhakan kang ngisor dhewe.

--- 3 : 1487f ---

Kori Mangunkung, kang malêbu marang kaputrèn, saiki aran: kori Kradènayon.

Kori Gladhag, kori sapisan kang malêbu marang alun-alun.

Kori Gledhegan kulon, kang saka Slompretan.

Kori Gledhegan wetan, kang saka Bathangan.

Kori Gadhungmlathi, saburining Magangan.

Kori Brajanala utawa Gapit, kang nêpungake dalan kiwa têngêning Sitinggil.

Karangka(pa) widadarèn, saiki aran: Kaputrèn.

Dalêm Prabayasa A.S. 240-2.

Prabayaksa 1001 N.II. 472 - 4.

Prabasuyasa: padhalangan.

Sitinggil lor kidul.

Waringin kurung lor kidul.

Waringin kurung lor kang wetan aran: Jayandaru.

Waringin kurung lor kang kulon aran: Dewandaru.

Waringin kurung kidul, ora ana arane, awit dhèk kadewatan: ora ana.

Waringin wok: wetan, sakidule kori Pamurakan.

Waringin jenggot: kulon, sakidule kori Pamurakan.

Waringin gung: wetan, sangarêping Pagêlaran.

Waringin binatur: kulon, sangarêping Pagêlaran.

Sajroning alun-alun dhèk jaman kadewatan mung ana nêm, kaya ing dhuwur mau.

--- 3 : 1488 ---

Pandhapa gêdhe saiki aran: Sasanasewaka, dhèk jaman kadewatan ora ana.

Pandhapa ijo saiki aran: Sasanadrawina, dhèk jaman kadewatan uga ora ana.

Pringgitan, saiki aran: Sasanaparasdya, dhèk jaman kadewatan iya uga ora ana.

Bale pawatangan ing alun-alun lor, saiki dadi paseban lan patunggukane abdi dalêm Jaba, sarta aran: Pakapalan, awit dhèk jumênêng dalêm P.B.IV. isih karsa miyos watang.

Bale Marakata, iya iku Srimanganti wetan kulon, dhèk jaman kadewatan iku minôngka pandhapane.

Bangsal Angun-angun: ing Sitinggil, sawetane bangsal Witana.

Bangsal Witana, satêngahing Sitinggil.

Bangsal Pangrawit, têngahing Pagêlaran iring wetan, pinarakan dalêm yèn nuju adu-adu lan ngrampog macan, sarta jumênêngan patih.

Bangsal Mangunturtangkil, sangarêpe bangsal Witana, pinarakan dalêm yèn nuju garêbêg.

Bangsal Balebang: ing Sitinggil, sakulone bangsal Witana, dadi timbangane bangsal Angun-angun.

J.Z. Roorda 34 art. 21. En de Hollander 7 art. 10

Dhatu, kadhaton Kw::

antapura, kênyapura, kênyapuri, karatyan, taji, tajya, pura, puri, purana, purantara, puraka, rasadarga,

--- 3 : 1489 ---

dhatulaya, jwitaja

Dhatuk Palembang:

kyai agêng ... (= Sultan Pajang) zie K.G. no.3.

Dhasi:

zie hèrmêlim.

Dhistrik:

zie abdi dalêm dhistrik.

Dhowan:

Iku bangsaning pitik, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sarta Asiyah, wulune kaya sêlaka. b. Dhowan dumunung ing tanah Indhu saurute, wulune kaya mas. c. Dhowan dumunung ing tanah Indhu saurute, wulune kaya maniking mata.

Dhawuk:

zie wulu.

Dhawêt:

Saka dhawuhe Dewa Rukmawati marang Dèwi Sri, ingandikakake gawe jênang sèwu kinêmbang ing gula santên (dhawêt), kinarya isarat tumuline ana udan. (R.R.III. 206-8 v.o.).

Dhuwêt:

1. Kw. kathilêng, duêt. 2. zie Srimanganti kidul. 3. Wangsalan Tjent. janma busana rikatan = uwêt.

Dhuwit:

Ece = kêthip. / Pasisir 10 c / Ngayogya 25 c / Uku: ukon = wuku = wukon = 50 cent. / Igar: sigar ½ duit. / Anggris: ringgit en kêton f 2.50. / Nêm, pitung, wolung en sangang dhuwit ? duit. / Ro: rong gobang = 4 duit. / karo sigar = 1½ duit. / Rispis: wang krêtas = f 1, -. / Rupiyah = f 1,- / Ringgit zie anggris = f. 2.50. / Kêton zie anggris = f. 2.50 / Kuwat = 25 cent = satali saka kwart kanggo ing Batawi. / Kêlip 5 cent. / Kêthok: sakêthok = rong gobang 4 duit. / Kanggo ing Samarang sarta Japara.

--- 3 : 1490 ---

...

--- 3 : 1491 ---

Ing ngisor iki araning dhuwit sacakraning jagad, kaya ta nagara ing:

Amerika Dollar 1 Dol. = 100 cent Am. = f 2,45. / Belgie Frank 1 Fr. = 100 Centimes = f 0,45,5. / Brozilie Melreis 1 Mel. = 1000 Reis = f 1,36. / China Liang Thei 1 L.T. = 10 Tsien = f 3,50. / Denemarken Krone 1 Kr. = 100 ure = f 0,66. / Duitschland Mark 1 Ma. = 100 Tennige = f 0,58,5. / Egijpte (Mesier) Piaster 1 P. = 40 Para = f 0,10,5. / Frankrijk uwangnya sama dengan Belgie. / Griekenland Drachme 1 Dr. = 100 Lepta = f 0,47,5. / Inggris Pondsterling 1 P. = 20 Shilling = f 12.-. / Ind. Inggris Benggala Rupi = 16 Anna = 192 Pies = f 1,13. / Italie Lire = 100 Centisimi cent = f 0,47,5. / Japan Yen = 10 sed = f 2,47,5. / Mescico Piaster = 100 Centavos = f 2,58. / Noorwegen Krone = 100 ure = f 0,68. / Oostenrijk Florijn = 100 Kreulzer = f 1,17. / Perzie Kron = 20 Shaki = f 0,55. / Portugal uwangnya sama dengan uwang di Brazilie. / Rusland Rubel = 100 Kopeken = f 1,81. / Spanye Peseta = 100 cent = f 45,5. / Turkiye uwangnya sama dengan uwang di Egijpte. / Zwitserland uwangnya sama dengan uwang di Belgie. zie J:A: 1905 blz.22. / Kêthip = 10 cent. / Tali: talèn = 25 cent. / Têlu: têlung dhuwit = 3 duit. / Satêlon = 3½ duit. / Tèng: sêtèng niet satèng = 5 duit. / Sèn = 1 cent. / Wang: suwang = 10 duit. / Picis = kêthip, kanggo ing Batawi = 10 cent. / Paro: saparona ½ igar ora ana wujude ? / Pat: saprapat = 2 ½ duit. / Dhuwit: sadhuwit = 1 duit. / Jampêl = rupiyah kanggo ing Têgal = f 1. / Gordên = anggris kanggo ing Madiun = f 2,50. / Gelo = rupiyah kanggo ing Ngayogyakarta = f 1. / Goldhên = anggris kanggo ing Samarang = f 2,50. / Godhêm = benggol kanggo ing Samarang = 2½ cent. / Gobang: sagobang = 2 duit. / Bribila = of bil verk. v bribil = ½ cent. / Blêndhong = benggol, kanggo ing Kudus zie P.S. = 2½ cent. / Benggol = 2½ cent.

Dhuwit Kw.:

ardana, arta, artawan, uwang, kèpèng, danardana, topang, sadana, yatra. Wiwite wong nganggo dhuwit têmbaga taun 1025 D.K. 1907 no. 90.

Dhali:

zie srandu kêbo sapi.

Dhêle:

1. kadhêlèn zie mata no. 4, 2. Wangsalan Tjent. pêgating tali = dhêl.

Dholêppin:

iku bangsaning iwak laut, dumunung ing sagara anjêndhêl lor, iwake lêmpis, ora enak pinangan ing wong.

Dholog:

zie wit (jati).

--- 3 : 1492 ---

Dhuwit:

Arta gobangan dhuwitan botên kapajêngakên, benggol sèn sarta bribil: dipun wontêni kathah, taun 1900 utawi 1829.

Dhalang:

Ucaping dhalang lamun amayang, iya iku kang diarani: carita, kang pêrlu kapêthik kaya ing ngisor iki:

1. Swuh rêp data pitana. 2. Anênggih wau kocapa. Nagari ing pundi. 3. Ingkang kaeka adi dasa purwa. a. Eka, marang sawiji. b. Adi, luwih. c. Dasa, sapuluh. d. Purwa, kawitan. 4. Satus datan angsal kalih. 5. Sèwu datan antuk sadasa. 6. Panjang apunjung. a. Panjang (dawa pocapane). b. Punjung (luhur kawibawane). 7. Pasir awukir. a. Pasir (samodra). b. Wukir (gunung). 8. Loh jinawi. a. Loh (tulus ingkang sarwa tinandur). b. Jinawi (murah kang sarwa tinuku). 9. Gêmah aripah. a. Gêmah (kathah tiyang among dagang). b. Ripah (kathah griya, jêjêl abên cocor). 10. Karta raharja. a. Karta (kêbo sapi, bèbèk pitik, botên dipun kandhangakên). b. Raharja (têbih parangmuka). 11. Nagari ngungkurakên pagunungan. 12. Ngiwakakên pasabinan. 13. Nêngênakên bangawan. 14. Ngajêngakên bandaran agêng. 15. Nagara gêdhe obore. 16. Padhang jagade.

--- 3 : 1493 ---

17. Dhuwur kukuse. 18. Adoh kuncarane. 19. Nagari ingkang têbih tumiyung, ingkang cêlak manglung. 20. Atur putri panungkul. 21. Asok galondhong pangarêng-arêng. 22. Pèni-pèni rajapèni. 23. Guru bakal guru dadi. Agung danane. 24. Paring sandhang wong kawudan. 25.Suka têkên ing kalunyon. 26. Asung kudhung ing kapanasan. 27. Awèh pangan ing kaluwèn. 28. Karya suka ing prihatin. 29. Angobori ing apêtêng. 30. Ambabadi ing arungkud. 31. Miyos siniwaka munggwing Sitinggil binata rata, pinarak ing dhampar dênta pinalipit ing rêtna, pinatik ing sêsotya, alèmèk babut prangwadani, ginônda wida ing lisah jêbad kasturi, dèn ayap ing cèthi parêkan, badhaya srimpi, biyada manggung katanggung, ingkang sami ngampil upacara, banyak dhalang ardawalika kacu mas sawunggaling dwipangga rêtna, kinêbutan ing lar manyura kanan kering, kongas gandaning nata dumugi sajabaning pangurakan (= pamurakan) sirna kamanungsane, [kama...]

--- 3 : 1494 ---

[...nungsane,] katon kadi Jawata Bathara Sambu dèn ayap para apsari. 32. Rêp sidhêm pramanêm, tan ana banène walang salisik, godhonging kêkayon tan ana obah, samirana tan lumampah, amung swaraning paksi êngkuk tuwin paksi jalak ingkang sami mencok ing panging waringin, tuwin sabawaning abdi dalêm kriya, pandhe, gêndhing lan kêmasan, ingkang sami nyambut damêl, cat kamirêng cat botên, pating carêngkling: imbal ganti lir mandanaraga, têka muwuhi sênêning panangkilan, sintên ingkang cakêt ing ngarsa: putra ingkang waruju satriya ing Tanjunganom, akêkasih Radèn Rukmarata, dhasar bagus warnane, karêngga ing busana, jênar pasarirane kêbak gêgalane, sanadyan putra anèm, kinathik ing rama rintên dalu (ing pagêdhongan ...).

--- 3 : 1495 ---

Mandraka. Anak Prabu Mandura: kasênggan panakrama sarawuhe ngajêngipun pun bapa.

Mandura. Inggih paman aji dhatêng anuwun panakramanipun paman aji, sadèrèng sasampunipun katampèn ing asta kêkalih, dahat kalinggamurda, kacancang ing rema, kapêtêk ing pranaja, tumanêma kêkulunging manah rad daging kayuwanan, dadosa cahya mor cahya.

Rukmarata. Kakang Prabu, pangabêkti kula katura ing paduka.

Rukmarata. Jênêng para angaturake pangabêkti sadurung sawise wus maramanira. tarima.

Rukmarata, kêpriye lakunira ingsun utus marang Ngastina, ngaturake panjaluke sasrahan kadangira Si Banowati.

Kawula nuwun nuwun, sampun kawula kautus sowan ing putra ijêngandika Sinuhun ing Ngastina, ingkang rumiyin amaringakên pangèstu, kaping kalih andhawuhakên panyuwunipun sasrahan kakang bok Banowati ...

Lah ing kana ta wau. Yèn mangunadikaa têka mangkana.

Mangkana pangudaswaraningpangudasmaraning. driya.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika.

Sinuhun ing Mandraka sampun asasmita arsa kondur angadhaton.

Sèbêt byar katalika. Tindak macan alupa. Lembehan mêrak kasimpir.

--- 3 : 1496 ---

Riyak gajah ngoling. Sajari miring talapakane. Sapêkak madyane. Ajamang mas sungsun tiga, kinatip ing hèr thathit, sinôngga ing praba, kinancingan grudha marêp grudha mungkur, utah-utahaning garudha: rineka sagara muncar, mataning garudha mirah sinêling sotya. Kancing kancana cinawi, panunggul hèr kêmbang. Sumping rêtna rineka gêgubahan surèngpati. Badhong giwangkara, ulur-ulur naga karangrangan, dawala ngiras têtali. Kêlat bau naga mamôngsa. Binggêl kana: kancana tinutupan calumpringan. Kroncong sarpa raja. Supe tajug kalih sisih. Kampuh limar katangi (= wungu). Calana cindhe puspita gubêg. Ukup renda gubêg. Wangkingan warôngka ladrang, kandêlan kamalon rêkta. Ukiran tunggak sêmi sinasotya.

--- 3 : 1497 ---

Dhuwung kinatahtinatah. tinatur rêngga. Canela tinarètès ing kumala.

--- 3 : 1498 ---

Ing ngisor iki ucap-ucapan tatakramaning ratu padha ratu sapiturute manut pêpakêm karaton kang kaucapake ing dhalang yèn panuju jêjêr amayang.

Prabu Duryuddhana: kaka prabu kasêgahan panakrama sarawuh sampeyan wontên nagari ing Ngastina punika sami raharja.

Prabu Baladewa: Inggih yayi prabu sih panakramanipun yayi prabu dahat kalinggamurda, kacadhong asta kalih kapêtêk ing pranaja tumanêm ing kêkulung manah amêwahana bawalêksana, awit saking pangèstunipun yayi prabu raharja salampah kula.

Dhanghyang Durna: Katuran panakrama sarawuhipun anak prabu wontên nagari ing Ngastina.

Prabu Baladewa: Inggih panêmbahan sih panakramanipun panêmbahan katampèn asta kalih kapêtêk ing pranaja lumèbèra ing pangkon dadosa rad daging kayuwanan.

Arya Sangkuni: Katuran panakrama sarawuhipun anak prabu wontên ing nagari Ngastina.

Prabu Baladewa: Inggih paman sih panakramane paman kula tampèni asta kalih kapêtêk ing pranaja lumèbèra ing pangkon anggêtihana satètès, andagingana satèmpèl.

Radèn Laksmana Môndrakumara: Kula nuwun pangabêkti kula katura jêng wa prabu mugi lêpata ing sapudhêndhaning Jawata.

Prabu Baladewa: Iya kulup sadurung sawise bangêt ing panarimaku.

Prabu Duryuddhana: Kakang adipati kasêgahan pambage sadhatêng sampeyan ing ngarsa kula punapa sami raharja.

Prabu Karna: Kula nuwun, sih panakramanipun yayi prabu ingkang adhawuh dahat kalinggamurda katampèn asta kalih kapêtêk ing mustaka amêwahana bagya yuwana kula, awit saking pangèstunipun yayi prabu raharja ing lampah kula.

--- 3 : 1499 ---

Dhanghyang Durna: Anak prabu kasêgahan panakrama sarawuh sampeyan sangajêngipun pun bapa punapa sami raharja.

Prabu Karna: Inggih panêmbahan sih panakraminipun panêmbahan dahat kalinggamurda, kula tampèni asta kalih kapêtêk ing mustaka amêwahana têguh yuwana kula, awit saking pangèstunipun panêmbahan raharja salampah kula.

Arya Sangkuni: Anak prabu katuran panakrama sarawuhipun anak prabu ing sangajêngipun pun bapa.

Prabu Karna: Inggih paman sih panakrama sampeyan kula tampèni asta kalih kapêtêk ing pranaja tumanêm ing kêkulung manah dadosa rad daging kayuwanan.

Radèn Laksmana Môndrakumara: Kula nuwun pangabêkti kula katur uwa prabu mugi lêpata ing ila-ila tulah sarik.

Prabu Karna: Iya kulup, sadurung sawise bangêt ing panarimaku.

Arya Dursasana: Kula nuwun pangabêkti kula katura kaka prabu mugi lêpata ing ila-ila tulah sarik.

Prabu Karna: Iya Arya, sadurung sawise bangêt ing panarimaku.

Prabu Duryuddhana: Bapa Sokalima boya dadi guguping ati pêkênira manira piji ing ngarsa.

Dhanghyang Durna: Kula nuwun, awit saking wantêring timbalanipun ingkang sinuhun, guguping manah kula kados katubruk ing sima lêpat, sinambêr ing gêlap tuna, mirsa gêbyaring calèrèt botên uninga dhatênging gêlap, upami alang-alang salômba pinanjêr madyaning alun-alun katiyup ing maruta, sakalangkung anggèn kula kumêjot kumitir carub awor lan mêmaras, sarêng dumugi ing ngarsa samêndhang botên darbe manah kuwatos, kula nuwun nuwun.

Prabu Duryuddhana: Bapa pênapi mulane pêkênira wèntên ing jaba bangêt kuwatir barêng têka ing ngarsa manira boya darbe mêmaras.

Dhanghyang Durna: Kula nuwun, mila wontên ing jawi sangêt kuwatos sarêng dumugi ing ngarsa pun bapa botên darbe mêmaras manawi ingkang sinuhun mundhut pêjah gêsangipun pun bapa, siyang pantara dalu sumôngga ing asta kalih têmbung atadhah wadana kumurêba ing abahan, kula nuwun nuwun.

Prabu Duryuddhana: Munduran kaya wong dêdosan, pakênira ngaturakên pati urip, sanadyan si bapa nandhang dosa pati kaya mung tumêka ing lara, yèn pakênira dosa lara yêkti manira apura, ananging sadurung sauwise bangêt ing panarima manira, dene pakênira anjunjung ing kaprabon manira, bapa pakênira ampun kaduk ati abela tômpa marma pakênira manira piji ing ngarsa ampun katênta bakal nampani ganjaran busana rêtna sêsotya tuwin sanjata kang prayoga, bêbasan adoh lintang sinawat balang kayu adoh kênane cêpak lupute.

Dhanghyang Durna: O, monyor-monyor, kênthos waloh gembor, samalola samaranti ila-ila sawidara pritganthilpritgantil. abuntut kisa jêbêbêg andhêng-andhêng ana mata dadi mala, jogrot-jogrot, sadrahing angin sarema pinara sapta yèn tilêma botên ngrêmpêlu pun bapa angajêng-ajêng ganjaran, têbih dhatêng ing atuwuk cêlak malah botên kuwawi anampèni sih kucahipun putra kula ingkang sinuhun ingkang rumêntah dhatêng pun bapa kados toya mili botên wontên kèndêlipun, rintên dalu ingkang kula arsa-arsa yèn wontên karsanipun putra kula ingkang sinuhun mundhut dadar lèlèripun pun bapa ing bangsaning kadibyan, aji jaya kawijayan, kanuragan, katêguhan, patimbulan, panawaning wisa, panututing sato galak, pangêndhakaning kuda dipôngga, pambabaring pangabaran, pasanging pangasihan, patraping pangèdhêpan, saèstu sampun cumawis ing sawanci-wanci kula nuwun nuwun.

Prabu Duryuddhana: Ênggèh bapa, bangêt ing panarima manira pakênira angaturakên sih sêtya ing manira, ing mêngke manira boya mundhut kang mangkana, marma pakênira manira piji ing ngarsa sanadyan akèh para kawula ing Ngastina kang pinangku jêjenggote, sakêpêl kumbalane, ingkang anom ngungkuli pakênira wèntên, kang tuwa ngungkuli pakênira ênggèh boya kurang ananging boya wèntên prayogane ingkang pantês manira karsakake imbal wacana kajaba pakênira wajib ambabadi rêrungkud, angobori kang apêtêng.

Dhanghyang Durna: O, monyor-monyor, kaluhuran dhawuhipun putra kula ingkang sinuhun, yèn pun bapa ngantos botên sagêd adamêl padhanging galihipun putra kula ingkang sinuhun punapa dede pandhita kêkètès gumandhul kantun palonte, sampun kula sawang saking sangkal bolong naronthong wela-wela kula nuwun nuwun.

Rms. Suwita. (R.Ng. Karyarujita)

--- 3 : 1500 ---

Dhalang 1:

zie abdi dalêm kadipatèn anom letl.n.

Dhalang 2:

zie abdi dalêm dhalang.

Dhalang 3:

zie abdi dalêm kapatihan letl.s.

Dhalang 4:

zie wangsalan Tjent. janma amayang = dhalang.

[Pocung]

Dhalang iku satpat. prakara kudu gambuh / dhingin jêjanturan / kapindho gêndhing kakawin / ping tri banyol kaping pate sêsabêtan // Tjent. Pcng.

Kang dadi cêcêgahaning dhalang:

1. Ngowahi balungan jêjêring lêlakon kang wis dipathok ing layang pêpakêm kagêm ing karaton utawa kagêm ing kadipatèn. 2. Aja duwe dhêmên lan gêthing marang sawiji-wijining wayang utawa lakon. 3. Aja carita mêtu saka ing kêlir, lire mangkene: Carita: Radèn Sômba dhêmên ombêr, sapêpadhane kaanane ing jaman saiki, iku ingaran: mêtu saka kêlir. 4. Aja mêtokake gunêm sawiyah-wiyah utawa nyêmoni marang wong, kang bisa andadèkake êruning atine. 5. Aja ambanyol lekoh utawa anggêpok wadi kang nganti saru rinungu ing wong. 6. Aja anggêdhong lêlakon. 7. Sajrone mayang sawêngi kaaraha cubak, wiwit jam satêngah wolu sore, bubar jam nêm esuk, aja kongsi kabogelan (kurang lêlakon) utawa bubar kawêngèn, sarta aja kongsi kalorean (luwih lêlakon) utawa bubar karinan.

--- 3 : 1501 ---

Sanadyan dawa cêndhaking lêlakon kaaraha dadi padha, supaya bisa ajêg wiwitan lan wêkasane. 8. Panyêkêling wayang aja anjagal, têgêse: tangan nyêkêl walulang.

Sarampunging panataning wayang, wayah jam 8 sore, gamêlan lêkas ditabuh, aran: talu, sasuwuking talu dhalang maju marang ngisor balencong, lakune kudu nglangkahi gêndèr, banjur niti piranti, kaya ta: kêprak, cêmpala, paidon tuwin sapit, banjur mapan linggih kapara miring mangiwa, pakolèhe parigêl panjupuking wayang saka kothak. Dhalang banjur nêthêk kothak sasmita ngajak lêkas, pangrêbab ambukani gêndhing krawitan, ing padhalangan katêmbungake: lêkas manggung, kayon kabêdhol kadokok wêkasaning paseban kang têngên, parêkan loro kawêtokake dhisik, banjur ratu apa jêjêring lakon, sasmita marang parêkan nimbali kang ana ing jaba, yèn wis seba pêpak, pangêndhang banjur nêsêgake gêndhing, sawise tiba gong banjur muni kênong sapisan disirêp ing dhalang, dhalang wiwit anjantur kaya kang wis muni ing layang pakêm padhalangan.

Dhalang karahinan:

zie gend.

Dhulangan:

zie abdi dalêm wadon no. 11.

--- 3 : 1502 ---

Dhapur:

Ing ngisor iki dhapuring kêris sawatara yasane para êmpu ing jaman kuna, kaya ta:

Anoman (luk 5) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, ri pandhan sarta sogokan têkan pucuk.

Urap-urap (luk 5) nganggo sogokan rangkêp, pinggir lungsèn lis-lisan.

Ônggawirun (luk 27) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah loro, sogokan sarta ri pandhan.

Nagakêras (luk 7) nganggo sor-soran, godhong lung-lungan, sarta kêmbang kacang sungsun.

Nagasari (luk 5) nganggo gandhik asu ajag.

Nagasasra (luk 13) nganggo gandhik naga pêthite têkan pucuk, sarta grènèng sungsun.

Nagasiluman (luk 13) nganggo gandhik naga tanpa buntut.

Condhong campur (bênêr) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah loro, grènèng gusèn, sogokan ngarêp buri têkan pucuk.

Carita (luk 9) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah loro, jenggot, sogokan sarta ri pandhan.

Carita buntala (luk 15) nganggo kêmbang kacang, jenggot, sogokan, sraweyan sarta ri pandhan.

Carubuk (luk 7) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, sraweyan sarta grènèng.

Carangsoka (luk 9) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, sraweyan sarta ri pandhan.

Carangbuntala (luk 15) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, sraweyan sarta ri pandhan.

Campurbawur (luk 3) ing pucuk bênêr nganggo sogokan, sarta jenggot.

--- 3 : 1503 ---

Ron têki (bênêr) nganggo kêmbang kacang, gandhik dawa, lambe gajah rangkêp, sarta sogokan siji ngarêp.

Regol (bênêr) nganggo gandhik loro sarta pejetan têrus lis.

Rôngga (luk 15) wilah rangkêp, nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji sarta grènèng.

Rôngga pasu (luk 15) nganggo tikêl alis sarta grènèng.

Kantar (luk 13) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, ri pandhan sarta sraweyan.

Krêsna tinandhing (bênêr) nganggo gandhik loro sarta sogokan.

Karawêlang (luk 13) nganggo kêmbang kacang pugut, ing buri nganggo têngêran wong, lambe gajah siji sarta ri pandhan sungsun.

Kidangsoka (luk 7) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah loro, sraweyan sarta ri pandhan.

Kidang mas (luk 7) nganggo grènèng ing buri.

Kalamunyêng (bênêr) nganggo sogokan sasisih, sraweyan sarta ri pandhan.

Kalamisani (bênêr) nganggo lambe gajah loro, sogokan sarta grènèng.

Kalabêndu (luk 29) nganggo sogokan, ri pandhan, lambe gajah loro sarta kêmbang kacang.

Kêbo têki (bênêr) ômba, cêndhak, nganggo kêmbang kacang, lambe gajah têlu sarta grènèng.

Kêbo lajêr (bênêr) gandhik dawa.

Kêbo dhêngên (luk 5) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, gandhik dawa, gônja kêlap lintah.

Tri sirah (luk 21) nganggo kêmbang kacang, tikêl alis, sogokan, sarta lambe gajah siji.

Tri murda (luk 19) nganggo tikêl alis.

Tilamupih (bênêr) nganggo pejetan sarta tikêl alis.

Tilamsari (bênêr) nganggo gusèn sarta kruwingan.

--- 3 : 1504 ---

Tumênggung (bênêr) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, sraweyan sarta grènèng.

Têbu sauyun (luk 3) nganggo sraweyan sarta grènèng.

Sinom (bênêr) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, sraweyan sarta ri pandhan.

Sindur malela (luk 7) nganggo kêmbang kacang sarta lambe gajah loro.

Srasah (luk 5) nganggo sor-soran pinêkak, kêmbang kacang, ri pandhan, ing têngah galêr, ing pinggir lungsèn têkan ing pucuk.

Sêpokal (luk 13) nganggo sraweyan.

Sèdhêt (luk 15) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, sogokan sarta ri pandhan.

Sujèn ampèl (bênêr) gilig, nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, jenggot sarta ri pandhan rangkêp.

Sêmar adang (bênêr) cêndhak, gandhik tinatah ngisor bolong.

Sêmar tinandhu (bênêr) nganggo kêmbang kacang loro sarta sogokan.

Sêmpana (luk sanga arang) nganggo kêmbang kacang, ri pandhan sarta tikêl alis.

Sêmpana panjul (luk 7) nganggo kêmbang kacang, gandhik malang.

Sêmpana bungkêm (luk 7) nganggo kêmbang kacang buntut.

Sêgara winotan (luk 3) nganggo kêmbang kacang, jenggot, sogokan loro, ing dhuwur nganggo lêr tutug ing pucuk nganggo sraweyan sarta grènèng.

Sabuk tampar (luk 9) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, sogokan siji ngarêp sarta ri pandhan.

Sêngkêlat (luk 13) nganggo sogokan, lambe gajah siji, jenggot sarta ri pandhan.

Sêngkêlat Bima kurda (luk 13) nganggo jenggot sungsun, sraweyan sarta sogokan.

Worawari (bênêr) kabèh kêris bênêr yèn nganggo gusèn, iku kêna diarani: dhapur worawari.

--- 3 : 1505 ---

Lancingan (luk 17) nganggo kêmbang kacang, sor-soran pinêkak.

Larmonga (luk 3) nganggo gandhik naga, gajah utawa manuk, pêthit naga ri pandhan sungsun.

Lalêr mêngêng (bênêr) nganggo kêmbang kacang gatra, gandhik dawa binolong.

Lung gandhu (luk 13) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah loro, sraweyan sarta grènèng.

Pinarak (bênêr) nganggo sogokan, gandhik dawa.

Panimbal (luk 9) nganggo kêmbang kacang, sogokan, sraweyan sarta grènèng.

Pandhawa (luk 5) nganggo kêmbang kacang, sogokan, lambe gajah siji, sraweyan sarta ri pandhan.

Pandhawa lare (luk 5) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji, ri pandhan, luk gêdhe.

Panji nom (bênêr) nganggo sraweyan sarta grènèng.

Panji sêkar (luk 9) nganggo kêmbang kacang pugut, sraweyan sarta ri pandhan.

Parungsari (luk 13) prabot pêpak kabèh.

Pasopati (bênêr) nganggo gusèn, kêmbang kacang, pongol, sogokan, lambe gajah loro, sraweyan sarta grènèng.

Pulanggêni (luk 5) nganggo sraweyan sarta grènèng.

Pudhak satêgal (luk 5) nganggo kêmbang kacang, sogokan sarta sraweyan

Puthut (bênêr) nganggo gandhik dawa tinatah pandhita.

Dhungkul tilamupih (bênêr) gônja kêlap lintah, gandhik dawa, sogokan ngarêp.

Joan mangan (luk 13) nganggo sogokan sarta grènèng.

Jaran panolih (= cundrik) gônja wungkuk, gêgêr papak pucuk luk têlu.

Jaran guyang (luk 7) nganggo pejetan banjur thêngil.

Jarudah (luk 9) nganggo kêmbang kacang, sogokan sarta sraweyan.

--- 3 : 1506 ---

Jaka tuwa (bênêr) awak tilamupih, nganggo sogokan cêndhak.

Jaka lola (bênêr) ujung gunung.

Jalak andinding (bênêr) nganggo gusèn, pejetan banjur thêngil.

Jalak angore (bênêr) nganggo sraweyan sarta grènèng.

Jalak anguwung (bênêr) nganggo gusèn, ada-ada, pejetan, banjur thêngil.

Jalak tilamsari (bênêr) nganggo thêngil.

Jalak sumêlang gandring (bênêr) nganggo sraweyan, thêngil sarta sogokan siji ngarêp.

Jalak sangu tumpêng (bênêr) nganggo sogokan banjur thingil.

Jamang surub (bênêr) sor-soran pinêkak sarta lis.

Jangkung (luk 3) nganggo ri pandhan sarta kêmbang kacang.

Jangkung pacar (luk 3) nganggo kêmbang kacang, sogokan têkan pucuk, jenggot sarta lambe gajah loro.

Yuyu rumpung (bênêr) wilah pêdhang suduk, gônja kêlap lintah.

Maesa nêmpuh (luk 3) nganggo grènèng ing buri.

Maesa nabrang (luk 15) nganggo lis rangkêp têkan pucuk.

Maesa soka (luk 3) nganggo grènèng ing buri, sogokan têkan pucuk, kêmbang kacang, jenggot sarta lambe gajah siji.

Mandura (bênêr) nganggo kêmbang kacang pogok, lambe gajah, sraweyan sarta grènèng.

Marak (bênêr) nganggo sogokan siji ngarêp sarta grènèng.

Mèsêm (bênêr) nganggo kêmbang kacang, tikêl alis sarta ri pandhan.

Mayat miring (bênêr) wilah ambêngkuk, gusèn, sogokan siji ing buri, gêgêr punuk.

Mangkurat (bênêr) nganggo sogokan, gusèn, ri pandhan ngarêp buri têkan sor-soran.

--- 3 : 1507 ---

Gula milir (luk 3) nganggo sogokan têkan pucuk.

Brojol (bênêr) tanpa prabot.

Buta ijo (luk 9) nganggo sogokan, sraweyan sarta ri pandhan.

Balebang (luk 7) nganggo kêmbang kacang, sogokan, sraweyan sarta lambe gajah siji.

Bima kurda (luk 25) nganggo kêmbang kacang, sogokan, jenggot sarta lambe gajah siji.

Bêthok (cêndhak, ômba, tipis) gandhik dawa.

Bango buthak (luk 3) gêgêr papak satugêl, nganggo kêmbang kacang sarta lambe gajah loro.

Ngampêr buntut (luk 17) nganggo kêmbang kacang, lambe gajah siji sarta grènèng.

Zie Almanak A. Rusche 1907 blz. 25.

Dhapuring kêris:

zie kêris.

Dhapuring tumbak:

zie tumbak.

Dhepok Lêmbu Pêtêng:

zie Sela no. 6

Dhepok Tarub:

zie Sela no. 6

Dhepok Gêtaspandhawa:

zie Sela no. 6

--- 3 : 1508 ---

Dhadha:

1. zie srandu ukiran. 2. zie warôngka wêdhung. 3. (kaniyagan). Anane laras dhadha = ôngka 3 (saron) saka anggite Prabu Basurata ing Wiratha nalika taun 407 zie Basurata. 4. Kw. krudha, pranaja, jaja, jangsa, ngayun.

Dhidhi:

Tj.B. warana.

Dhudha:

Titihan dalêm kareta Kyai Garudha, katêlah aran Kyai Dhudha, iku pisungsunge Kangjêng Kumpêni marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. II ing Kartasura dhèk taun 1668.

Dhedhe:

Wong dhêmên dhedhe dadi pangane Bathara Kala.

Dhudhu:

Tj.B. lungguh.

Dhedhe:

niet.

Dhodho:

niet.

Dhadhap alus (kawruh jogèd):

Jogèd dhadhap alus pangajarane ngêmpakake kêris suduk-sinuduk, iku anggite Panji Inokartapati nalika taun 1125 zie Kartapati letl.b.

Dhadhap kanoman:

(id.) id.

Dhadhap Karna tinandhing:

(id) id

Dhadhap kreta:

(id.) id.

Dhadhap tulis:

II, radèn arya ... zie Red. no. 5.

Dhadhap mantêp (têmbang gêdhe):

laku 13 pêdhotan 5.8. x 2 = 26 x 2 = 52 zie Sudiradraka. Voorb.

bayangan bayêm / bayêyêt agung ngrêmbuyung / rawe-rawe ring / rawan kara taru turi //

karandhang gondhang / kadhondhong dhêndhêng sêsandhing / dhungdhungan gudhe / bêngok bênguk manguk-manguk //

Dhudha gathuk:

zie gend.

Dhudha ngasag:

zie pari.

Dhoyok:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhayang:

zie endhang.

Dhayung (têmbung minggiran):

pirantining prau nganggo dhayungan

Dhampar (palênggahan dalêm nganggo glodhog):

zie upacara letl. f.

--- 3 : 1509 ---

Dhampar Kw.:

amparan, kundharana, kundharasa, singaksana, singangsana, padmasana, patarana, pasilendra, palôngka, mèrupadma.

Dhampit:

bocah lair kêmbar barêng sadina, nanging lanang wadon. P.R.I. 195(4)

Dhogol:

zie srandu kêbo sapu (sungu).

Dhablang:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhang:

niet.

Dhêng:

niet.

Dhing:

niet.

Dhung:

niet.

Dhèng:

niet.

Dhong:

niet.

Dhèngèr:

zie rèh letl. h.

Dhongkrok:

zie srandu kêbo sapi (sungu)

Dhêngkak:

(= bucu ngarêp) P.R.I. 197(34).

Dhangkèl:

of klisa. Ing ngisor iki araning dhangkèl utawa klisa kang ngêndêmi utawa matèni, kaya ta: sungsang, walur, plisa, plasa kuning, gadhung.

Dhêngkul:

1. zie srandu kêbo sapi. 2. zie srandu katuranggan. 3. Kw. drakuka, jêngku, jênggala, jungkalika.

Dhingkêl:

(= thukluk) zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul:

1. Bocah wungkuk wiwit lair mula. 2. (kawruh êmpu). Dhapuring kêris dhungkul: bênêr, awak tilam upih, gandhik dawa, sogokan ngarêp, gônja kêlap lintah. 3. srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul canthèl:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul cadhong:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul totor:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul pèrèt:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul dhablang:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul dhobyang:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Dhungkul dhobyong:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

--- 3 : 1510 ---

...

--- 3 : 1511 ---

Dhêngklung:

zie gend.

Dhungulan:

zie dhêndhan kukudan.

Dhandhanggula (têmbang cilik):

i - a - e - u - i - a - u - a - i - a // 10 - 10 - 8 - 7 - 9 - 7 - 6 - 8 - 12 - 7

Voorb. // lamat katon: pawukon bala mir / ingkang cêlak saking parangjara / pakuwon kang urut lèpèn / kambah tyas kapirangu / rangu-rangu ngarang ngranuhi / wirangrong karungrungan / kumêlap malatkung / sang rêtnayu rawat waspa / kayaparan: margane gon ingsun panggih / lan wong agung Kuparman // M.C.

Dhênggong:

zie gend.

Dhênggung asmarandana:

zie gend.

Dhênggung laras:

zie gend.

Dhênggung Bantên:

zie gend.