Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Nya:

1. Nya, aksara cêthak zie ca. 2. Nya, aksara irung zie na. 3. Nya, yèn dadi purwaning lingga katumpangan atêr-atêr ora sigêg, kaya ta: sanyata, sunyata. 4. Nya, yèn dadi wêkasaning lingga,

a. Purwaning lingga karakêtan sandhangan swara ora kasigêg, kaya ta: sonyantaka, ora: sonnyantaka = sona, ora: sonna. b. Yèn purwaning lingga ora karakêtan sandhangan swara, kasigêg, kaya ta: lunnyulunyu. ora: lunnyu. c. Yèn sinaroja ora kasigêg, kaya ta: nyunyuk ora: nyunnyuk. d. Dadi lêliruning pengkal, kaya ta: kênnya lirune kanya Kw. 5. Nya, mahaprana, kanggo ing tataprunggu, nanging mung kanggo ing Ngayogyakarta bae, kaya ta:

Nyai Adipati:

zie Na murda.

--- 3 : 1650 ---

Nya:

1. Tj.B. awèh, 2. Kw. parentah.

Nyê:

niet.

Nyi:

Tj.B. asmara.

Nyu:

1. Tj.B. krambil, 2. Kw. krambil.

Nye:

niet.

Nyo:

niet.

Nyah:

Tj.B. owah.

Nyêh:

niet.

Nyih:

niet.

Nyuh Kw.:

lêbur.

Nyèh:

Tj.B. maras.

Nyoh:

niet.

--- 3 : 1651 ---

Nyai Adipati:

zie abdi dalêm wadon no. 1.

Nyai Riya:

zie abdi dalêm wadon no. 2.

Nyai Kaliwon:

zie abdi dalêm wadon no. 4.

Nyai Tumênggung:

zie abdi dalêm wadon no.3.

Nyar:

Tj.B. wutuh.

Nyêr:

niet.

Nyir:

Tj.B. wêdi.

Nyur:

Tj.B. awèh.

Nyèr:

Tj.B. waras.

Nyor:

niet.

Nyra:

Tj.B. andhustha.

Nyakraningrat:

kangjêng pangeran arya ... zie Img. no. 178.

Nyakrakusuma:

kangjêng pangeran arya ... zie Img.no.175.

Nyakrakusuma:

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung ... zie P.N. no. 36.

Nyakrakusuma (padhalangan):

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma, karsa yasa wayang purwa, wiwit praboting wayang nganggo gêlang kalung, jamang, anting-anting, sumping, ulur-ulur, badhong, praba, gêlung, kêlat bau, ali-ali, cundhuk, kancing gêlung, kroncong, dodot, calana padha tinatah pinèt pantêse dhewe-dhewe, wandane: mangu, wayang wadon busanane sampuran, padha tinatah angore rambut, wayang liyêpan ora kajait, wayang lanyapan kajait, dêdêgan sangkuk, kang mripatan kadhêlèn pantês kajait: dimripati kadhondhongan. Awit saka iku dadining wandane wayang rupa-rupa, kaparingan sangkala gambar Buta Murgan mripat siji, rambute ingore pinulas abang, nganggo jalu ing sikile cawang têlu, lumrah ingaran: buta rambut gêni, ing padhalangan ngarani: Buta Parêpatan, unining sangkalan: jalu buta tinata ing dewa = 1553.

Tumuli ana karsa dalêm manèh, yasa wayang purwa kajujut [kajuju...]

--- 3 : 1652 ---

[...t] gêdhe dhuwure sawatara, sarta wiwit anane wônda rangkêp, kaya ta: Arjuna wandane kanyut, jimat lan mangu, lêstari tumêka saiki, mangkono sapêpadhaning wayang padha rangkêp wandane. Lan manèh karsa nyantuni gapit lan cêmpurit mari sungu kêbo bule, liru sungu banthèng, gêgêle balung, utawa sungu mênjangan, kaparingan sangkala gambar buta alasan wadon, tangan ing buri ngiras nyêkêli badhama, prabote mung cawêt kaya arca, tangan ngarêp kasopak, matane siji, unining sangkala: rasaning yaksa ing wana tunggal = 1556. Sengkalan: rasaning yaksa ing wana tunggal (1556 A.J., 1634 A.D.).

Zie rêbab.

Zie Kodhokngorèk.

Nyakrawati:

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Suddhaha ... sumare Krapyak zie P.N. no.35. en zie watang. Sang prabu karsa yasa wayang purwa kang dianggo babon wayang kidang kêncanan, kajujut sasigaring palêmahan, Arjuna wandane jimat, sarta akèh wayang tangane kasopak, nganggo cêmpurit, gapit, gêgêl, kang digawe bakal sungu kêbo bule. Winuwuhan gêgaman, kêris, panah, cakra lan liya-liyane. Nalika iku wayang purwa sarta gêdhog dadi têtanggapaning pra putra sêntana muwah kawulaning ratu, kang nglakokake abdi dalêm dhalang. Kacarita ana wong

--- 3 : 1653 ---

asli saka ing tanah Kêdhu aran: Anjangmas: lumrahing pakêcapan: Panjangmas, misuwur bisa andhalang, banjur kaabdèkake ing Karaton. Wiwit nalika iku wayang bèbèr mari kanggo ngruwat, mung kanggo pakaulan, utawa brêsih desa sabên lêbar panèn bae. Mungguh yasan dalêm wayang mau kaparingan sangkala gambar rupa yaksa Murgan matane siji nganggo kêris, siyunge mêtu saka ing lambe, ing padhalangan ingaran: Buta Panyarèng, lumrahe ingaranan: Buta Cakil, unining sangkalan: nêmbah gêgamaning buta tunggal = 1552.

Nyakrawati:

' = Ny.W. zie K.G. no. 2.

Nyutra:

zie abdi dalêm kaparak kiwa no. 8. Abdi dalêm kaparak nyutra zie gandhewa.

Nyawa Kw.:

atma, atmaka, suksma, jiwa, jiwita, zie D.N.K.30-3 B.

Nyanya:

Tj.B. sungu.

Nyênyê:

niet.

Nyinyi:

Tj.B. cinging.

Nyunyu:

Tj.B. cumbu.

Nyenye:

niet.

Nyonyo:

Tj.B. nyonyok.

Nyamplung:

Woh nyamplung kêna ginawe lênga aran: kêcacil, nanging ora kêna ginawe anggêgorèng, awit rasane pait sarta ngêndêmi, pigunane mung ginawe nglêngani gudhig, utawa korèng sapêpadhane: gêlis mari.

--- 3 : 1654 ---

Wit nyamplung rupane kaya wit dhuku, wohe bundêr iya sadhuku nanging tanpa kulit, isine gêdhe krakêt, yèn wis tuwa koplak, diundhuh banjur kaêpe nganti garing, dhinêplok ing lumpang watu dipêrês mêtu lêngane, kagawe lênga damar. Yèn ginawe anggêgorèng ora enak sarta angêndêmi

--- 3 : 1655 ---

Nyang:

niet.

Nyêng:

niet.

Nying:

niet.

Nyung:

niet.

Nyèng:

niet.

Nyong:

niet.