Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Layang Bauwarna IV

(ma ga ba tha nga)

--- 4 : 1656 ---

Ma:

1. Ma, aksara lambe zie wa. 2. Ma, aksara irung zie na. 3. Ma, dadi èwèningewoning. têmbung kriya, kaya ta: mamah, maling, magang enz. 4. Bawa: ma, sumêla ana antaraning têmbung lingga. a. Dayaraswa: sumingkir. b. Dirdaya: sumendhe. 5. Ma, ana sangarêping têmbung lingga, ingaran, bawa: ha, kaya ta: maguru, madhukun, enz. 6. Pasangan ma. a. Dumunung sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: rukmi. b. Dumunung sangisoring pasangan sa: kêmbang nanging mung tumrap ing têmbung sawatara, ora bisa lèrèk marang têmbung liyane, kaya ta: suksma, nanging dipun sêmadosi, ora: dipun smadosi, ingaran: ma, miring, ingaran: ma, kurung ... dadi ôngka papat lan lima zie ga

--- 4 : 1657 ---

Ma:

1. Tj.B. gêdhong, 2. Kw. ing, karo, kang, sira, sarta, para, marang.

Mê:

niet.

Mi:

1. Tj.B. asih, 2. Kw. atêr-atêr.

Mu:

1. Tj.B. sira, 2. Kw. sira.

Me:

niet.

Mo:

1. Tj.B. sira, 2. Kw. macan, berag.

Mah:

1. Tj.B. lagi, 2. Kw. ênya, ayo, pakewuh, barêng.

Mêh Kw.:

rêmêk, pêrês.

Mih:

niet.

Muh:

niet

Mèh:

1. Tj.B. ngarêpake, 2. Kw. cakêt, kurang sathithik.

Moh:

niet.

Mau:

Iku bangsaning manuk, ing ngêndi-êndi ana, bisa nglangi kaya bèbèk, panguripane mangsa iwak kali, nanging manuk mau ora kêna diingu ing manungsa.

Maenda padro:

Kalangênane Dèwi Basundari P.R.II. 52 - 6 v.o.

Maudara:

Abdi dalêm maudara kèhe 24 kalêbu panèwu mantri sarta jajare, aran sagolongan, anane prajurit maudara wis dhèk jaman Mataram, têgêse maudara: prajurit rakêt.

Mahadewa:

Ciri mahadewa, jaran wulung abang kang lara tunggangane, sanadyan lara tunggangane, nanging watêke bêcik, yèn ginawa prang bisa mêngku wadyabala.

--- 4 : 1658 ---

Muhsin:

Pangeran Sarip ... zie P.S. No. 1.

Maesan:

zie srandu kêbo sapi.

Maesa kamalo:

mariyem kyai ... iku pisungsunge tuwan Jendral pan der Lin, ing Batawi marang ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, ing Mataram, nalika taun suryasangkala 1645, utawa taun côndrasangkala: 1573, sinangkalan: urubing gêni angrusak buta wani

Maosadi:

' = rewan, Arb.

Maesa Tandrêman:

prabu ... zie P.N. no.IV.

Mahasing ngasêpi:

' = lunga ing ngasêpi.

Maesa lawung:

Rancangan pamanggihipun bupati bêkêl jawi lêbêt, bilih wadana kaliwon anggandhèk kautus andhawuhakên wilujêngan maesa lawung.

Kiyai Lurah Kangjêng Radèn Adipati Jayanagara, kula nampèni dhawuh dalêm, mêdal Nyai Tumênggung ... ingandikakakên andhawuhakên, kiyai lurah kapatêdhan ajad dalêm maesa lawung, wilujêngipun karaton dalêm, saha nagari dalêm saisinipun sadaya, ingandikakakên andongakakên, wilujêng dalêm, mênawi sampun kadonganan wilujêngipun panjênêngan dalêm, tumuntên kadhawuhan ambage saabdi dalêm ingkang waradin. Wawu 1849.

Maesa langit (têmbang têngahan):

e - u - i - u - o // 9 - 7 - 8 - 8 - 8

Voorb // Kisma lungit paribasane / mêdhar kêkêran têmbung / mugi sampun lincat Gusti / yèn kababar basanipun / yêkti datan walangatos //

Maesa bayangan:

zie bôngsa patra.

Mahewa:

brahmana rêsi ... zie P.N. no. 5.

Mani:

zie pêjuh.

Mino:

iku bangsaning manuk, dumunung ing tanah Eropah.

Manail:

zie wuku.

Mênir:

zie wit (jagung). 2. Mêniran, iku cêcukulan cilik ing latar utawa ing kêbon, rupane kaya godhong piskucing, wohe pating printis, yèn olèh wit mêniran satêkêm, digodhog banyune sathithik, yèn wis kênthêl rasane pait, padha karo paiting kininêh, kêna ginawe tômba lara bêngang.

Maniklungit:

radèn ... zie K.S. no. 19.

Manisrêngga:

Radèn ... abdi dalêm Kalathèn letl. c.

Manisrêngga:

rêbab kyai ... zie gamêlan karaton, letl. d.

Manisdudu:

zie srandu kênong.

Môncanagara:

adipati ... zie P.N. no. 31. zie patih. no. 3.

Môncanagara (katuranggan): [(...]

--- 4 : 1659 ---

[...katuranggan):]

Jaran wêton môncanagamôncanagara. bang wetan, dhapure kalêbu kau- kau.

Muncar:

zie gend.

Moncèr:

zie gend.

Mônca rawat mônca dirasa:

bênêre: maca: rawat waspa; udrasa P.R.VI.

Mancung:

zie wit (krambil).

Mênur:

1. zie srandu warôngka tumbak. 2. zie pari. 3. wangsalan Tjent. panambang pêksi = kênur.

Manuk:

Ing ngisor iki araning manuk sawatara, kaya ta: oncèng-oncèng, urang-urangan, atat, alap-alap, ayam alas, êmprit, Manuk êmprit gantil, rêsrês en kudhasih, êngkak, êngkuk, nori, cohung = mêrak, cintaka = cêkaklak, cêcêk, cocak, cêkaklak zie cintaka, ceplukan, cingcinggoling, cangak, rêsrês zie HG, kontul, kacêr, kokokbêluk, kolik, kalong, kudhasih zie Hg, dara, dêruk, dêrkuku, darès, tuu, trinil, têkêk, tikusan, tondho, sandhanglawe, sriti, srigunting, sribombok, sikatan, sêpahan, wulung, lawa, lawa kêmbang, prênjak, pêking, putêr, platuk watu, platuk bawang, podhang, puyuh = gêmak, dhandhang = gagak,

--- 4 : 1660 ---

dhangdhang = dhandhang, joan, jêndhul, jaka tuwa, jalak urèn, jalak pênyu, menco = beo, manyar, manyura = mêrak, mêrak = cohung, grija, glathik, glathik wingka, gêmak = puyuh, gagak = dhandhang, gogik, gabig, bênce, bondhot, branjangan, burcèt, bêrkutut, blêkok, blêkêtupuk, beo = menco, bèthèt, thilang

2. Kw. kukila, kaga, sahimbra, pêksi, garura, garêlya, garudha. 3. zie togog. 4. Ing ngisor iki petungane wong golèk manuk, nêptuning dina pasaran kakumpulake dadi siji, banjur kapetung mangkene: gagal, gigil, gugul, gigol; yèn tiba: gagal: ala, gigil: sêdhêng, gigol: becik,

Mandura:

' = Madura. Kang jumênêng nata ing Mandura.

1. Prabu Kunthiboja sinangkalan: obahing pandhita karasa (676). 2. Prabu Basukunthi,Basukèsthi. sinangkalan: swara trusing rasa (697). 3. Prabu Basudewa, sinangkalan: gatining wong pitu (715). 4. Prabu Baladewa, (Wasi Jaladara), iya R. Kakrasana, sinangkalan: pandhita kalih amuji, (727).

Mandura:

pangeran ... zie K.g. no. 79.

Manduranagara:

pangeran ... = Môndaraka. zie P.N.no. 35 en zie patih no. 5.

Mandurarêja:

pangeran ... zie Kaliwungu no. 1.

Mandurarêja:

fr. zie Img. no. 115.

Mandurarêja:

Radèn Arya zie Mungp. no. 1

--- 4 : 1661 ---

Môndaraka:

Kang jumênêng nata ing Môndaraka, 1. Prabu Môndrakumara (wayah Manumanasa), sinangkalan: rupaning buta obah (651), 2. Prabu Artandriya, sinangkalan: sarira trus karasa (698), 3. Prabu Môndradipa, sinangkalan: naga luhur anywara (708), 4. Prabu Salya (R. Narasoma, iya Adidipa), sinangkalan: janma karo anywara (721)

Môndaraka I:

patih adipati ... zie P.N. no. 34 en zie K.g.no.7.

Môndaraka II:

patih adipati ... zie P.N. no. 35 en 36.

Môndaraka III:

patih adipati ... zie P.N.no. 39. En zie patih no. 4 en 8. Môndaraka = Rêmbang T.P.1905 no.136.

Mandril:

iku bangsaning kêthèk, pasabane ing alas tanah Amerikah kidul, mangan wowohan.

Môndraguna:

zie Pujôngga (5).

Mundarang:

zie panambal (5).

Mêndêking:

Bayi lair mêtu pitung sasi sapangisor. gew. wong mêtêng tiba ganjil, kaya ta: mêtêng ping têlu, ping lima enz. aran mêndêking, nanging mêtêng sapisan ora kalêbu ing petung ganjil, aran: mêtêng têmbeyan.

Mandul:

zie gend.

Mandulpathi:

zie gend.

Mandayasraya:

patih ... zie P.N.no.6.

Mandayaprana:

radèn ayu adipati ... priyayi dalêm P.B. IX. zie Img. no. 212.

Mênut:

têmbunge Jawa: urean, sumurup, samênut iku 60 sêkon.

Mêntah (kawruh êmpu):

Wêsi mêntah iku wêsi ala, rupane kaya klothokan keyong kang gêdhe, yèn dithinthing unine song, ngambrang, pigunane mung agawe isin marang kang nganggo, anak bojone ginawe susah ing wong akèh, nanging bisa angguyokake, dèn ngati- ati.

Mêntaos:

kayu ... Kayu mêntaos iku kang kêna ginawe wayang klithik, zie P.B. III. (wayang klithik), sarta kêna ginawe topèng zie id. (topèng).

Mèntèr:

zie pari.

Mantri anom:

zie abdi dalêm kadipatèn anom letl.g.

Mantri anom:

zie abdi dalêm mantri anom.

--- 4 : 1662 ---

Mantri alas:

' = narawrêksa, zie abdi dalêm narawrêksa.

Mêntrik:

zie endhang.

Montrokêndho:

zie gend.

Mantri wrêddha:

(W.H.) têgêse: mantri tuwa, iya iku kang wênang nyêntèg dadi panèwu, kuwajibane nampani dhawuh saka kapanewon, samubarang parentah saka kabupatèn, lan Sênèn Kêmis tuwin tungguk kêmit, apadene tumindak majang pasisiran, tuwin watêsan sapêpadhane, kaparingan lungguh bumi desa 500 karya, utawa 125 jung.

Mantri panêkar:

zie mantri mudha. Têgêse panêkar: pangrowa

Montro Madura:

zie gend.

Mantri mudha:

(W.H.) têgêse: Mantri anom, kuwajibane nglampini mantri wrêddha, lan seba Sênèn Kêmis, tuwin tungguk kêmit, apadene tumindak pajang pasisiran, lan watêsan sapêpadhane, kaparingan lungguh bumi desa 300 karya, utawa 75 jung, iya iku kang sinêbut ing aran: mantri panêkar, têgêse: pangrowa, awit akèh panunggalane, mung ing jaman kuna: patih tumêkaning mantri mudha mau padha anduwèni sêsêbutan: mantri, têgêse: linuwih ing têlung prakara: nistha madya utama. Nisthane: dene rumasa abdi, samubarang tindak patrap tanduk kudu rumêksa ing gustine, utawa angajèkake tuwin angestokake, apadene angêtohake patine: yèn ana pakewuhing gustine, iya iku kang diarani: satya, dene têmên-têmên lan tumêmên ing pangawulane. Madyane: dene wênang sarawungan ing pangandika [pangandi...]

--- 4 : 1663 ---

[...ka] karo para sêntana. Utamane: dene saos ing ngarsaning gusti, têlung prakara mau salaku jantrane padha diwêruhi kabèh, gêgêbêngane nyumurupi patrap têlung prakara, ingaran: triloka.

1. Ing guruloka, têgêse: kahyangane Sang Hyang Guru, nyumurupi panêmbahing Dewa. 2. Ing Ngendraloka, têgêse: kahyangane Sang Hyang Endra, nyumurupi tatakramaning karaton. 3. Madyapada, têgêse: ênggoning manungsa, iya iku ing alam donya, nyumurupi sacara- carane.

Muntrêng:

zie sor.

Muntab:

zie gend.

Manulahar:

brahmana rêsi ... zie P.N.no.6.

Mundhu:

wangsalan Tjent. tomboke janma totohan = wudhu.

Mundhuk:

zie gend.

Mondhokan:

zie abdi dalêm Sragèn letl.g.

Môndhakaki:

wangsalan Tjent. janma sêpuh = kaki- kaki.

Môndhasiya:

zie wuku.

Mandhalacala:

ciri mandhalacala, jaran wulu putih unyêng-unyêngane mungsêr ana ing lolop, watêke bêcik, kang ngingu sugih rijêki.

Mandhung:

zie abdi dalêm kaparak têngên no. 4. En zie andhung en zie dhatu (28).

Mandhung:

zie upacara letl.f.

Mêndhung:

zie Kumbakarna.

Mêndhung:

zie Sêmar.

Mêndhung:

zie Buta.

Mêndhung Kw.:

andanu, irawan, adhang, imarda, imada, imangkara, rarabi, rawan, ramaja, rêmêng, rumung, danura, daddha, diddha, digda, sudigda, sanghub, windakara, limut, jaladara, jaladdha, manura zie mega.

--- 4 : 1664 ---

Mêndhangkamulan:

zie P.N.no.I.

Mundhingsari:

prabu ... zie P.N.no.15.

Mundhingwangi:

prabu ... zie P.N.no.16.

Menje:

zie wit (pucung).

Mènjêp:

zie gend.

Mênjangan:

1. Asaling mênjangan.

a. Mênjangan ing tanah Eropah, pasabane ing alas, mangan sukêt. b. id. nanging kewan iki bisa mêtokake dhèdhès kayadene rase, ambune iya wangi. c. Mênjangan tanah Eropah têngah, dêdêge cêndhèk. d. Mênjangan tanah Eropah têngah, dêdêge cêndhèk ... lanang wadon. e. Mênjangan tanah Eropah têngah, tutul. f. Mênjangan tanah Eropah têngah, berok, pasabane ana ing gunung Alpên, kabèh mau padha mangan sukêt.

2. Menjangan iku rasaning awake landhêp bangêt (têngèn) sanadyan nuju turu kêpati, ora kêna diindhik-indhiki ing wong, amêsthi tangi banjur lumayu D.K. 1908.no.84.

3. kw. arusa, randhi, rurunah, rusah, ranggah, sangkula, sangsam, sanggah, wrangga, jêngkula, maklana.

Mênjangan mas:

zie upacara letl.f.

Mênyan kobar:

zie gend.

Mênyan seta:

zie gend.

Manyura:

nyai agêng ... marasêpuhe R. Patah zie Dm. no. 4.

Manyura:

zie pathêt nêm.

Manyarsèwu:

zie gend.

Mênthik:

radèn ajêng ... putra dalêm P.B.VI. Img.no. 150.

--- 4 : 1665 ---

Mênthik wangi:

zie pari.

Mênthik grewal:

zie pari.

Mênthik gêmbolo:

zie pari.

Mènthèl:

zie kara.

Menthog:

nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Manungsa:

Kaananing manungsa wiwit linairake kongsi tumêka tuwa, pratelane kaya ing ngisor iki: 1. Nyênguki bayi ngumur 3 sasi. 2. Ngongkog 9 sasi. 3. Gêmêlo 10 sasi. 4. Tratean 1 taun. 5. Rumaja putra (lanang), rumaja putri (wadon) 3 taun. 6. Rumusak taman 4 taun. 7. Sêmêga 5 taun. 8. Wayah sunat 8 taun. 9. Prawan sunthi 10 taun. 10. Prawan birai sandhang 12 taun. 11. Wayah têtak 14 taun. 12. Jaka kumala-kala 15 taun. 13. Jaka of birai 15-20 taun. 14. Mêmpêng 21-30 taun. 15. Satêngah tuwa 31-40 taun. 16. Tuwa 41-50 taun. 17. Kaki of nini 51 enz.

Karangane Mas Ngabèi Rêksapraja.

--- 4 : 1666 ---

Apa bedaning manungsa karo khewan, pituturing guru: manungsa kadunungan budi, khewan: ora. Ananging khewan anggolèki anake pasuson, apa dudu budi, pitik iwèn mulih mênyang kandhange apa iya dudu budi, satêmêne ora mêngkono, saka rasa kang dumunung ...

Têmbung: manungsa, ana kang ngarani luput, bênêre: manungsa, saka têmbung camboran, man en nusa, man = waspada, nusa verk. v. unusan, têgêse: waspada marang unusaning jiwa D.K. 1838. no. 52.

--- 4 : 1667 ---

Macan Kw.:

arimo, sima, pragalba, arimba, singa, margadipa, kesari, sangha, margapati, sardula, singha, mong, salimba, wagra, blacan

Macan tutul dumunung ing tanah Jawa bisa mènèk, dumunung ing tanah Aprikah ora bisa mènèk, padha môngsa daging.

Macan laut, dumunung ing sagara anjêndhêl lor, mangan iwak laut.

Macan lorèk zie macan gembong ben

Macan gembong = macan lorèk, dumunung ing tanah Jawa môngsa daging.

Macan (wônda):

zie Kumbakarna.

Macan (gong):

Kyai Macan zie Kodhokngorèk letl.c.

Macan kêkutha srênggi:

ciri mêngkono, unyêng-unyêngan jaran ana ing andhêman ngapit jèjèr têlu, watêke bêcik, kang ngingu kajèn keringan, kinawêdèn samaning manungsa.

Macan guguh:

kyai ... zie kêndhali.

Mar:

1. Tj.B. lêsu, 2. Kw. arum, êmar, kumêsar, sêdhih, lêsu, mratani, mibêr, gumêdêr, ngambar.

Mêr Kw.:

bacin.

Mir:

Tj.B. miris

Mur:

1. TJ.B. lunga, 2. Kw. ilang, kendhang, lunga, pêsat, mêsat, ibêr.

Mèr:

1. Tj.B. adoh, 2. Kw. nganti.

Mor Kw.:

awor, nunggal.

Mra:

Tj.B. sumêlap.

Mirah:

zie sotya.

Mrica Kw.:

sarya, ladha, mriyos.

Marak (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris marak: bênêr, nganggo sogokan siji ngarêp, sarta grènèng mung satugêl.

Mêrak:

' = cohung, ing ngêndi-êndi pulo: ana.

Mêrak Kw.:

cohung, kuwong, wayuninda, lancung, manyura = manjoera Skr. mayura, bacak.

Mrakèh:

zie wuku.

--- 4 : 1668 ---

Mrakèh:

zie sor.

Marakata:

zie dhatu (29).

Mêrak kasimpir:

zie gend.

Mêrak nguwuh (têmbang gêdhe):

laku 18 pêdhotan, 5.6.7 x 2 = 36 x 2 = 72.

Voorb: Solahe ganggas / têmbungipun alus / anggada solahira / hèh Dasamuka / Ngalêngka yèn tan wruh / iki satriya duta //

Subali putra / ya aran Kuringrat / praptaningsun nèng kene / hèh Dasamuka / yèn sira pitambuh / Bathara Rama Dewa //

Mardiatmaka Sociteit Sukaharja, adêge nalika ping 20 Nopèmbêr 1903.

Murdaningkung:

zie gend.

Mardikèngrat:

(langkung mulya ing jagad)

Mardiswara (padhalangan):

Têgêse mardiswara: (= anta (ônta) wacana) iya iku bisa ambedakake swaraning wayang sawiji-wiji.

Mardiswara (gamêlan):

Anane gamêlan Mardiswara saka anggite Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya M.N. IV.

Mardawalagu (padhalangan):

Têgêse: alusing tanduk, wignya ing têmbang Kawi, sarta lêbda ing gêndhing zie Pujôngga (4).

Mardyangga:

zie Carabalèn.

Murdamalela (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris murdamalela luk 7, nganggo kêmbang kacang lambe loro.

Mardibasa (padhalangan):

Têgêse: kudu bisa marang basa kadhaton, sarta sumurup marang unggah-ungguh, apadene ambedakake basaning wayang sawiji-wiji, kaya ta: dewa: beda karo pandhita, ratu: beda karo satriya, satriya: beda karo punggawa, punggawa: beda karo

--- 4 : 1669 ---

wadya, tuwin buta marang rajane, dalasan swarane aja kongsi awor zie pujôngga (3).

Mardangga:

zie gamêlan letl.d.

Maruta:

zie angin.

Murtiningrum:

Radèn ayu ... zie K.S. no. 14.

Martadipa:

radèn ayu ... ? sumare ing Jêglon (Pajang), olèh paring dalêm sadranan.

Martasana:

zie Img. no. 38.

Martasana:

pangeran ... zie K.g. no. 12.

Martasari:

zie Img. no. 34.

Murtisari:

Ciri murtisari, jaran wulu abang duwe unyêng-unyêngan ana ing walakang sangisoring purus, iku luwih bêcik, titihane panjênêngan ratu, sarta dadi têtulaking nagara tata raharja sirna mêmalaning praja.

Martalulut:

zie abdi dalêm kaparak têngên no. 7. Abdi dalêm martalulut kèhe mung 15 kalêbu panèwu mantri jajare, aran: sagolongan, têgêse martalulut: sarèh, rumakêt, awor, asih ing adil, pagaweane ngêthok guluning dêdosan kang wis mati kinisas (kagantung utawa katuwêk).

Martalaya:

zie P.N. no. 46. en 47.

Martalaya:

tumênggung ... zie K.g.no. 40.

Martapura:

pangeran ... zie K.g.no. 41.

Maras:

zie srandu kêbo sapi.

Mêrêsi (iwak):

wangsalan Tjent. ngêpuh parudan.

Marasônja:

zie gend.

Maraseba:

zie gend.

Marapi:

' = Côndragêni P.R.I. 6.

Mèrupancaka:

' = panggung pambêsmining sawa P.R.II. 199-3.

Muryapada:

susuhunan ...

1. Muryapada, 2. ingkang garwa, 3 zie wali no. 16.

--- 4 : 1670 ---

Mariyêm:

Punika sakawitipun wontên bôngsa Eropah wiwitan ingkang dhatêng tanah Jawi winastan bôngsa Walandi, Portêgis, pangagêngipun anama Phasko Dhêglomê, dhatêngipun nagari Jawi anjujug ing kitha Bantên, kala ing taun Walandi 1505, ing taun Jawi 1433. Taksih jaman nagari ing Dêmak.

Anuntên bôngsa Purtêgis dhatêng malih anjujug nagari ing Jakarta, pangagêngipun nama Antonio Dhê Abro kala ing taun Walandi 1515. Ing taun Jawi 1443. Taksih jaman nagari ing Dêmak.

Anuntên bôngsa Walandi dhatêng angajawi, anjujug ing Jakarta, pangagêngipun sakawan: 1. Nama Barênês Linskotên. 2. Èmskèrêk.

--- 4 : 1671 ---

3. Dhêsir, 4. Rip.

Kala ing taun Walandi 1594 Ing taun Jawi 1522

Jaman nagari ing Pajang.

Anuntên bôngsa Walandi malih dhatêng anjujug ing kitha Bantên, lajêng dhatêng ing Jakarta, pangagêngipun anama Kornèlit Hukman kala ing taun Walandi 1597. Ing taun Jawi 1525. Taksih jaman nagari ing Pajang.

Ingkang nama wiwit Guprênur Jendral: Pitêr Bot, kala ing taun Walandi 1610. Ing taun Jawi 1538 sampun jaman nagari ing Matawis, lajêng wiwit saking sakêdhik angyasani kitha Jakarta, lajêng nama nagari Batawi.

--- 4 : 1672 ---

Tumuntên wontên bôngsa Portêgis malih dhatêng, anjujug ing Jakarta, ingkang nama Antonio Dhê Abrèh wau, lajêng têpang rêmbag kalihan Pangeran Jakarta, nyuwun pasitèn sawiyaring wacucal lêmbu kajangêt, badhe panggenan pagriyan gêgramèn, lajêng dipun paringi Pangeran Jakarta, bôngsa Portêgis wau ngaturi pisungsung warni-warni dhatêng Pangeran Jakarta, sarta angaturi mariyêm sakêmbaran dipun wastani Satama Satomi, punika katêlahipun, lêrêsipun nama saking Portêgis amung: sêtum, lajêng kanamakakên Pangeran Jakarta Satama Satomi wau. Kala ing taun Walandi 1615. Mariyêm wau amung cacah kalih lajêng kapundhut dhatêng Matawis, botên [botê...]

--- 4 : 1673 ---

[...n] antawis lami mariyêm ingkang nama Satama kaparingakên wangsul dhatêng Pangeran Jakarta malih, kala samantên ing taun Walandi 1625, ing taun Jawi sinangkalan: murub buta lima wani 1553.

Kala Walandi nama Yan Pitrê Sun Kun, sowan dhatêng Matawis, ngaturi mriyêm kêkalih lajêng kaparingan nama ingkang satunggal nama Kyai Gunturgêni, ingkang pêcah prang Pacina kala ing Kartasura, satunggalipun nama Kyai Syuhbrastha, dhatêngipun mriyêm kêkalih wau kala ing taun Walandi 1628. Ing taun Jawi sinangkalan: rasaning buta marga wani 1556.

Kala Ingkang Sinuhun Sultan Agung karsa yasa mariyêm wontên ing Matawis, kathahipun gangsal, ingkang damêl Walandi saking Jakarta, sarêng sampun dados kaparingan nama:

--- 4 : 1674 ---

1. Kyai Sagarawana, 2. Kyai Sagarapalwa, 3. Kyai Gêlap, 4. Kyai Balêdhèg, 5. Kyai Bagus Ayus

Kala samantên ing taun Walandi 1629. Ing taun Jawi sinangkalan: swaraning buta lima wani 1557. Kala Ingkang Sinuhun Sultan Agung karsa yasa mariyêm malih agêng-agêng kathahipun sakawan, kaparingan nama: 1. Kyai Sapujagad, 2. Kyai Pôncawara of Wora, 3. Kyai Kumba-kumba, 4. Kyai Aswanikumba

Kala samantên ing taun Walandi 1637, ing taun Jawi sinangkalan: swara angobahakên buta wani 1567. Kala dhatêngipun mariyêm pisungsung saking Jendral Pan dêr Lin, konjuk Ingkang

--- 4 : 1675 ---

Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, kathahipun sakawan, lajêng sami kaparingan nama: 1. Kyai Maesa Kamale, 2. Nyai Garingsing, 3. Kyai Kadhal Buntung, 4. Kyai Dhukun.

Kala samantên ing taun Walandi 1645. Ing taun Jawi sinangkalan: urubing gêni angrik buta wani 1573. Kala tiyang Siyêm akalihan Walandi sarêngan sami sowan dhatêng Matawis, ngaturi pisungsung mariyêm sakawan sarta lajêng kaparingan nama: 1. Kyai Kumbarawa, 2. Nyai Kumbarawi, 3. Kyai Pintèn, 4. Kyai Tangsèn.

Kala samantên ing taun Walandi 1649. Ing taun Jawi sinangkalan: swara angrik buta wani 1577.

--- 4 : 1676 ---

Punika têgêsipun namaning mariyêm ing nginggil wau ingkang wontên

Syuhbrastha = rusak sirna, Sagarawana = orêging wana, Sagarapalwa = orêging baita, Gunturgêni = blêdhèg latu, Blêdhèg = gêlap

Namung mriyêm ôngka 10 Pôncawora = Pôncawura. Punika lambanging sangkalan: pa, pandhita: taun 7, ca, carêm: taun 6, wu, wuruk = wisik: 5, ra, ratu: taun 1 ... = 1567. Dene têgêsipun lugu: pôncawora = prahara

--- 4 : 1677 ---

Mariyêm a:

Ing ngisor iki arane kagungan dalêm mariyêm, saha pisungsung sarta yasan piyambak, kaya ta: Aswanikumba, Kumbarawa, Kumbarawi, Kumba-kumba, Satomi, Sapujagad, Sagarawana, Sagarapalwa, Subrastha, Pôncawara of Wora, Pintèn Tangsèn (mariyêm loro), Dhukun, Maesa Kamale, Gunturgêni, Gringsing, Gêlap, Balêdhèg, Bagus Alus

Mariyêm b:

Ing ngisor iki pakurmatan unining mariyêm, kaya ta:

--- 4 : 1678 ---

1. Kangjêng Sri Maharaja ing Nèdêrlan kaping 33. 2. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gouv 27.

Ananging yèn ora barêngan karo Kangjêng Sri Maharaja ing Nèdêrlan 11

Tingalan dalêm ping 2 garêbêg ping 3.

1. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gouv 33, 2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan 27, 3. Kangjêng Tuwan Residhèn 15, 4. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom 13, 5. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara 4, 6. Tuwan Militèr Komandhan sarta tuwan asistèn residhèn utawa tuwan sukêtaris 9, 7. Pangeran putra santana dalêm 9, 8. Pangeran putra santana Mangkunagaran 9, 9. Pêpatih ing karaton dalêm sarta para bupati nayaka 9, 10. Golongan komandhan sarta para mayor kaptin upsir, 11. Karaharjanipun tanah Jawi 9. Gunggung 12 rambahan utawa kaping 153 sabên pasamuwan.

--- 4 : 1679 ---

Marmot:

Marmot iku bangsaning têrwèlu, dumunung ing tanah Switsêrlan, mangan gêgodhongan, ing pulo Jawa iya ana.

Murgan:

Ing padhalangan nêmbungake: wayang murgan, têgêse: wayang kang tanpa babon.

Margana:

zie angin

2. margana, bocah lair nuju ana ing sabaparan P.R.I 196 (13).

Margalaya:

Wayahe Susuhunan Giri zie Giri no. 4

Marbot:

Abdi dalêm marbot, kuwajibane yèn awan maca kitab ana ing surambi, yèn bêngi darus ana ing masjid.

Marbabu:

Iku araning gunung Côndramuka gew Côndradimuka, ingêlih aran: Marawu, kalantur dadi: Marbabu P.R.I-37-7 v.o.

Mrêbung:

Kècu dhèk Pamrêbung, sinangkalan: uta banyu amburu ratu = 1643 Alip.

Mirong:

1. zie bathikan. 2. zie Kartapati letl. e

--- 4 : 1680 ---

Mega:

imakapura Spr. yèn mega ngidêri srêngenge / imalaya D.N.K. / imamantra: schrift / imangkara D.N.K. / dirada D.N.K. en Spr. yèn mega irêng awoawor. lan mega abang / karau D.N.K. / kukap D.N.K. / kuwera D.N.K. / digda D.N.K. / sasmita Spr. yèn mega amor ing kêkayon / samegana D.N.K. / sanghêb D.N.K. / sanggana D.N.K. / sangub D.N.K. / wataragana D.N.K. / lokap Spr. yèn mega putih kang kadi kukus, / jaladara D.N.K. en Spr. yèn mega mêndhung durung udan / jadha (M. Chineesch) swara sasmita rêkasa, nora kêna jinadha-jadha (= jodho) ing kapti / bataragana zie mêndhung.

Megantara:

1. zie wulu jaran, 2.a. kêris dhapur megantara luk pitu, wiwiting luk kapara mandhuwur, ing pucuk nganggo paniwèn, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo jalèn, nganggo lambe gajah, gônja ngarêp nganggo grènèng, b. kêris dhapur larasaduwa, luk lima, wiwite luk ing têngah, nganggo pejetan, kêris warna loro (2. letl. a.b) yasane Prabu Citrasoma ing Pênggihg, kang kinon gawe Êmpu Gadawisesa, sinangkalan: têmên sucining gapura (941). 4. dhapuring tumbak megantara luk 7, ada-ada mung satugêl.

Maguru gôngsa:

iku têtêngêring prang ing jaman kuna, rupane mè?

Mangkubumi têngah:

radèn ayu zie Img. no. 106

Mangkubumi sêpuh:

radèn ayu zie Img. no. 191

Mangkubumi:

zie Img. no. 200

Mangkubumi:

pangeran ... zie k-g no. 10

--- 4 : 1681 ---

...Terdapat 5 halaman lampiran seukuran buku tulis kecil.

--- 4 : ... ---

Cathêtan pakurmatan ungêlipun kagungan dalêm mariyêm, ing karaton nagari Surakarta, kados ing ngandhap punika:

--- 4 : ... ---

...

--- 4 : ... ---

Ôngka 1. Katrangan: Kangjêng Sri Maharaja, ing nagari Nèdêrlan, Kaping: 33

Ôngka 2. Katrangan: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur General ing Indhiya Nèdêrlan, Kaping: 27

Anamung manawi botên sêsarêngan akalihan Kangjêng Sri Maharaja, Kaping: 33

Ôngka 3. Katrangan: Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Kaping: 27

Ôngka 4. Katrangan: Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta, Kaping: 15

Ôngka 5. Katrangan: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, Kaping: 13

Ôngka 6. Katrangan: Garêbêg Mulut, Garêbêg Siyam, Garêbêg Bêsar, sami, Kaping: 11

Sadaya punika kajawi ungêlipun mariyêm ingkang minôngka gongipun ingêdrèl.

--- 4 : ... ---

Manawi tingalan dalêm panjênêngan nata, saha tingalan dalêm wiyosan taun, nalika taksih dhahar pista, siyang, mawi ngunjuk kundhisi, sabên ngunjuk kundhisi mawi ungêlipun mariyêm, kados ing ngandhap punika kala ingkang kaping 9.

1. Wilujêng tingalan dalêm 27

2. Wilujêngipun kangjêng sri maharaja, ing nagari Nèdêrlan, saha garwa putra 33

3. Wilujêngipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, ing Indhiya Nèdêrlan, saha kangjêng tuwan para rat. 27

4. Wilujêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. 27

5. Wilujêngipun kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta 15

6. Wilujêngipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara 13

7. Wilujêngipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 9

8. Wilujêngipun tuwan militèr komandhan saha para tuwan asistèn residhèn, tuwin tuwan sèkrêtaris 9

9. Wilujêngipun papapara. putra santana dalêm 9

10. Wilujêngipun para putra santana ing Mangkunagaran, sarta para tuwan-tuwan 9

11. Wilujêngipun pêpatihing karaton dalêm, saha para bupati 9

12. Wilujêngipun kolonèl komandhaning prajurit dalêm, saha mayor kaptin upsir 9

13. Wilujêng sarta karaharjanipun tanah Jawi 9

--- 4 : ... ---

Sabên Garêbêg ngunjuk kundhisi kados ing ngandhap punika.

1. Wilujêng Garêbêg 11

2. Wilujêngipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general, ing Indhiya Nèdêrlan 33

3. Wilujêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan 27

4. Wilujêngipun kangjêng tuwan residhèn 15

5. Wilujêngipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara 13

6. Wilujêngipun putra santana dalêm. 9

7. Wilujêng karaharjanipun pulo Jawi 9

--- 4 : 1682 ---

Makamhaji (Kartasura):

Kang sumare ing astana Makamaji kang misuwur asmane:

1. Kiyai Kaji Ngabdul Kadir, uga karan Kaji Agung, gurune Sultan Pajang, ingkang abêbadra pasarean ing Makamaji.

2. Radèn Tumênggung Wirarêja, Bupati Gêdhong Têngên, 3. Ingkang garwa ... iya iku ingkang rama ibu Kangjêng Ratu Kêncana (Bêruk) garwa dalêm P.B. III. pêputra P.B. IV.

Radèn Tumênggung Wirarêja putrane:

Kyai Sutajaya, apêparab Kyai Cucuk Kêrtimancur, sumare Karangnôngka (Klathèn)

Kyai Dêmang Baurêksa ing Bera.

Kyai Cucuk Dhepok, sumare gunung Ampo, Taji (Prambanan).

Kyai Agêng Karanglo, sumare Jayapranan (Kuthagêdhe).

Mukmin:

Moe'main zie Kapir.

Mirong:

Mirong iku araning ukir-ukirane sakaning Bangsal Witana, sarta Bangsal Mangunturtangkil ing Sitinggil, tuwin Bangsal Pangrawit ing Pagêlaran, apadene sakaning surambi ing Masjid Gêdhe Surakarta.

Mranggi:

zie abdi dalêm gêdhong kiwa.

Mêrang bodhol:

zie bathikan.

Maki:

iku bangsaning kalong, dumunung ing tanah Aprikah.

Mukaram:

zie braat no. 1 en 2

Maktal:

zie wuku.

Makasar (katuranggan):

Jaran saka Makasar kang akèh mêtoni bagus-bagus, atine mèmpêr kaya atine jaran wêton pulo Jawa.

Mokal:

Arb. 1. gidip = goroh, 2. kiyanat = palacidra, 3. kidman = ngumpêt.

Mukhammad:

Kangjêng Nabi ... Wiyosane Kangjêng Nabi Mukhammad, Salalahu Ngalaihi Wasalam, dina Sênèn Pon tanggal ping 12, sasi Mulud taun Dal, nalika samana nuju taun Isaka 471. Yèn mirit petunganing kurup, Mulud Dal mau kêtêmu pitu, sarèhning kang lumaku dhèk samana kurup Akadiyah, dadi tanggale sapisan ana dina Sêtu, tanggal ping 10 tiba dina Sênèn, ora tanggal ping 12 (lakuning kurup zie Ajisaka).

Jumênênge nata andika nabi, nuju taun Wawu ôngka: 513. Ingkang putra andika nabi: wêwolu, kakung papat, putri papat. 1. Radèn Ibrahim, seda timur, 2. Dèwi Rukiyah, 3. Radèn Kasim, seda timur.

--- 4 : 1683 ---

4. Umikaltum. 5. Radèn Tahir seda timur. 6. Radèn Tayib seda timur. 7. Dèwi Patimah pambajêng. 8. Siti Jenab. Zie P.A. 192-4 v.o.

Ingkang garwa andika nabi sanga. T.A. 199 - 14 R.D. 1896 no. 52.

1. Dèwi Katijah = Juwariyah, 2. Dèwi Kapsah = Kapsah (cocog), 3. Umi Kabibah = Romlah, 4. Dèwi Sodah = Saodah, 5. Umi Salamah = Indum, 6. Dèwi Supiyah = Sawiyah, 7. Jenab = Jenal, 8. Memanah = Maemunah, 9. Ngaisah = Ngaisah (cocog).

Ingkang yuswa andika nabi 63 taun zie kitab Samailul Muhamadiyah blz. 21 Ngarpah. Sedane nuju taun Wawu T.P. 1906 no. 102.

Jêngkar saka Mêkah marang Madinah taun 622 (15 Juli) D.K. 1907 no. 90.

Kang muni ing layang 1001 II. 128-12, kèngsêre andika Nabi nalika ping 18 Sapar taun 653 utawa taun 7320732. etungane Prabu Iskandar Dulkarnèni.

Mukabumi:

' = Sukabumi T.P. 1905 no. 136.

Makutha:

iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, en zie kuluk.

Modin:

Abdi dalêm Modin kuwajibane yèn awan maca kitab, ana ing Surambi, yèn bêngi darus ana ing Masjid.

Madura:

pujôngga êmpu ... zie P.N. no. 5, 7, 8, 10 en 11

Madirda:

talaga ... prênahe ing Andongbang urute gunung Sakêthi.

Madurêtna:

1. Kangjêng ratu ... Img. no. 65. 2. Kangjêng ratu ... Img. no. 104. 3. Kangjêng ratu ... Img. no. 114. 4. (Têmbang gêdhe) laku 12 pêdhotan 5-7 x 2 = 24 x 2 = 48. Kancuh wisatikandhêh.

Voorb // ri pati Sang A- / bimanyu ring ranangga / trênyuh araras / ya ta sewala amês //

nèng ara-ara / rikalaning panjang lèk / cinacah lindri / aswa timun ginitês //

Madurang (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris madurang: bênêr, nganggo kêmbang kacang, lambelambe gajah.

--- 4 : 1684 ---

siji, sogokan, sraweyan sarta grènèng.

Madukocak:

zie gend.

Madukucing:

zie wit (nôngka).

Mêdêl:

zie abdi dalêm gêdhong kiwa.

Madupinasthika:

Carabalèn Kyai ... zie Carabalèn letl.b.

Madepandhan:

Pangeran ... = P.N.no.32.

Madiun:

radèn ayu ... zie K.g. no. 68.

Madiun:

tumênggung ... zie K.g. no. 77. Ingkang garwa zie K.g. no. 78.

Madyapada Kw.:

aripada, amartyapada, amarapada, narapada, swamanusa, janapada, janmapada, manusapada, martyapada, marapada.

Madegônda:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII.

Madubrôngta:

1. zie gend. 2. zie bathikan.

Modangan:

zie tatahan.

Madebudaya:

Sociteit (Sukaharja) zie Mardiatmaka.

Modangpatra:

Sociteit (Sukaharja)

Mata Kw.:

andamuka, aksa, aksi, netra, nayana, dêlya, tingal, soca, socana en zie pôncadriya letl.a.

Mata (padhalangan):

Mata wayang iku ana nêm rupa:

1. Kincêran, kaya ta: Narada, Durna enz. 2. Kêdhondhongan, Sêngkuni, Petruk. 3. Kadhêlèn: Baladewa, Sêtyaki, Udawa buri bundêr ngarêp lancip. 4. Taluban, buta kobis, buta alasan. 5. Liyêpan (kaya isi timun) Janaka, Bambang. 6. Thêlêngan (bundêr) Wêrkudara, Gathutkaca. Sawênèh ana kang ngarani: tanggalan = gabahan

Mataun:

Kang jumênêng Ratu ing Mataun, Prabu Jayakusuma, kang rayi Prabu Jayaamisena, sinangkalan: warnaning pandhita sarira (874). 2. Radèn Adipati Mataun zie Red.no. 3.

--- 4 : 1685 ---

Mataram:

1. Adêge kutha Mataram, iya jumênênge Kyai Agêng Mataram (Ki Pamanahan) rupaning mantri tata tunggal (1531) Alip. 2. Jumênênge Panêmbahan Senapati Ngalaga (Radèn Ngabèi Loring Pasar iya Risang Sutawijaya) sinangkalan: lèng wêlut marganing bumi (1539) sawênèh sirnaning toya tataningrat (1540) Ehe. 3. Jumênênge Panêmbahan Krapyak, Anyakrawati, sinangkalan: mantri lima tata tunggal (1553) Wawu. 4. Jumênênge Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma, sinangkalan: pandhawa rasa tata tunggal (1565) Jimawal. 5. Jumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat (sumare Têgalarum), sinangkalan: saliraning pandhita anata wani (1578). 6. Bêdhahing Mataram: dening Trunajaya, sinangkalan: sirna ilang rasaning janma (1600) Jimakir, sawênèh: dara muluk ngrasani janma (1601) Alip. 7. zie titik. a. Panemb. Senapati (20), b. Panemb. Krapyak (21), c. Sult. Agung (22), d. Soen. Têgalarum (23). 8. zie P.N. no. X. 9. zie tangguh.

Mata kapèn:

' = mata kalingan. kapèn Kw. = kalingan.

Mutawatir:

' = sumêlang mati. muta Kw. = mati, watir = sumêlang.

Mata walangên:

Mataning walang iku tanpa kêdhèp, dadi gone ngingêtake kang diarêp-arêp nganti tanpa kêdhèp kaya mataning walang.

Matêng:

(= daluwang Panaraga no. 1.) zie daluwang.

Matêngga:

' = gajah.

--- 4 : 1686 ---

Mas:

Iku pêlikan saka ing bumi, kang akèh saka tanah pagunungan, utawa ing pagisikan sapinggiring kali, panjupuke sarana diêbor. Yèn wis diluluh tinêmuning mas dadi nom tuwa, kang nom isih akèh woworane, sarta bisa dadi tuwa yèn dirêsikake, kang tuwa sathithik woworane utawa wis rêsik babar pisan, mas iku maune kaya wêdhi grasak pating pringkil, ingaran: mas ore, wujude kuning amancorong. Mas kang tuwa ingaran: mas sari, utawa ingaran manèh: mas ijo, iya iku kêncana mulya.

Kang nom saringgit rêga f 40 rupiyah, kang tuwa saringgit rêga f 50 rupiyah.

Patrape ngrêsikake mas, sarana dikamal banjur diobong.

Kang aran mas jingga, iku kang wis diadoni karo têmbaga, iya kaya rupane dhuwit mas iku.

Woworane dhuwit mas saringgit, takêrane: têmbaga bobot 6 aga.

Dhuwit mas wêton tanah Inggris rupa loro.

1. Wukon mas rêga f. 12,50 rupiyah, bobot 1/4 ringgit luwih 4 aga, yèn dirêsikake suda 2 aga.

Dinar mas rêga . 6,40 rupiyah, bobot 1/8 ringgit, yèn dirêsikake suda 1/2 aga.

Dhuwit mas wêton tanah Nèdêrlan

--- 4 : 1687 ---

Wukon mas rêga 10,- rupiyah, bobot 1/4 ringgit kurang saaga, yèn dirêsikake suda 2 aga.

Ringgit mas, ingaran: ringgit bagong, iku rupa loro nom tuwa.

kang nom rêga f. 40. rupiyah, yèn dirêsikake suda 1/8 ringgit = 12 aga

kang tuwa rêga f. 50. rupiyah, yèn dirêsikake suda 1/4 ringgit = 6 aga.

Mungguh mas kang dirêsikake mau, sanadyan suda bobote, bênêre iya ora suda rêgane.

Karangane Mas Ngabèi Citrasudira, abdi dalêm panèwu kêmasan.

Mas Kw.:

hiradya, rukmi, rukmaka, kênaka, kêncana, tatur, jêne, gorata.

Mas:

kangjêng ratu ... Img. no. 6. 64. en 97.

Samas = 95 gram. R. 329 - 7 v.o.

Samas = 400 Kw. Wbk.

Dhomas = 800 Kw. Wbk.

Mis (rupa lima):

iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, yèn nusuh ana ing gowok, mangan ulêr.

Musa:

Nabi ... ingkang yuswa 120 taun, kitab Ngarais blz. 164.

Masin:

kang duwe panêmu gawe masin Stoommachine tuwan Sopery Masin mênjait Tuwan Matersperger.

Masaran:

zie abdi dalêm Sragèn letl.e.

Mas Rêtna Tinumpuk:

kangjêng ratu ... zie K.G.no.30.

Mas kinikir Kw.:

kêmbang mas, têpas, mas kênaka.

Maskumambang (têmbang cilik):

i - a - i - a. // 12 - 6 - 8 - 8.

Voorb // Putri Cina gêlasaran kawlas asih / mara Kelaswara / pêdhangên jurên wak mami / aja andêdawa lara // (M.Tj.).

Maskumambang têgêse: kêncana tumimbul, kang nganggit Susuhunan [Susu...]

--- 4 : 1688 ---

[...hunan] Majagung zie Dj.K. 1900. no. 63.

Maskumambang:

zie gend.

Masan:

zie pari.

Maspati:

kangjêng ratu ... zie K.g.no.50.

Masjid Dêmak:

Adêging Masjid ing Dêmak, sinangkalan: lawang trus gunaning wong (1399) olèh salikur taun kabangun manèh, sinangkalan: luhuring netra sucining rat (1420) Je.

Masjid Surakarta:

Adêging Masjid Surakarta, pindhah saka Kartasura jumênêng Dalêm P.B.II. sinangkalan: swaraning naga obahing janma (1687)Sengkalan: swaraning naga obahing janma (1687 A.J., 1761/62 A.D.). barêng jumênêng dalêm P.B. III. kabangun, sinangkalan: sirnaning gapura obahing bumi (1690)Sengkalan: sirnaning gapura obahing bumi (1690 A.J., 1764/65 A.D.). Jimakir. Kabangun manèh nalika ing dina Kêmis Kaliwon tanggal ping 24 sasi Pasa taun Be ôngka 1784. Jumênêng Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.VII gêdhening Masjid, sarta ômba dawane = 107 kaki, tembok mubêng.

Saka guru gilig cacah 4 iji. Gêdhene ubênging saka 5 kaki 9 dim. Dhuwure 52 kaki 2 dim. Saka pananggap gilig cacah 10 iji. Gêdhene 4 kaki 6 dim. Dhuwure 31 kaki. Mustakane kayu jati giligan kalapis ing mas. Kubênge 30 dim. Dêdêge 1 kaki 7½ dim. Dhuwuring batur Masjid 5 kaki 5 dim. Dhuwuring Masjid saka jrambah tutug mustaka = sirah gada 76 kaki. Ing ngarêp Surambi. Ing kiwa têngên: Pawèstrèn. Cêpurine pagêr bata mubêng kandêle 1 kaki 10 dim. Ubênge têpung gêlang kêtêmu 2164 kaki 10 dim. Ing têngah: Gapura.

--- 4 : 1689 ---

Kiwa têngêning gapura bangsal têlu sisih = 6 wuwung. Banjur topengan kang munggah marang surambi 1 wuwung.

Masjid watu (Salatiga):

sinangkalan: sirna ilang bêktining wong (1300).

Masjid Wetan:

panêmbahan ... zie wali no. 44. kabo en no. 50.

Mèsêm:

zie Petruk. En Durganadur Jendral.

Mèsêm (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris mèsêm: bênêr, nganggo kêmbang kacang lambelambe gajah. siji.

Mawur:

zie gend.

Male (kawruh êmpu):

Wêsi male sapa kang nganggo mêsthi gêdhe atine, karêpe dadi senapatining prang, dèn wêdèni sanak sadulure.

Mule:

Wong ora tau mêmule dadi pangane Bathara Kala.

Malaikat:

Jabarail, Mingkail, Ngisrapil, Ngijrail, Ngijajil.

Malantên:

zie sor.

Mlinjo:

1 zie wit ( so en mlinjo). 2. Wangsalan Tjent. anggung tilik = tinjo

Mlinjon:

zie tatahan.

Malarsih:

zie gend.

Malêrêng:

zie sor.

Mêlik (kawruh êmpu):

Wêsi mêlik iku wêsi ala, rupane irêng mêrkutuk, sêmu kasap, yèn dithinthing unine: thong, nglambrang, asale saka anut lakune mangan kang nganggo rampas bênjar pomahane ? Akèh bilaine kang nganggo.

Moloko:

kyai agêng ... zie Tuban.no.5.

Malik monthok:

Ciri malik monthok, konthol jaran nyanthuk, mangisor lan mandhuwur, watêke ala.

Malatsih:

zie Puntadewa en Arjuna.

Mulwa:

kyai ... Img.no.22. 2. Wangsalan Tjent. têgal bôngka = maluwa.

Mliwis:

iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Mliwis Kw.:

cakarwa, cakrawaka, cakrangga, silêman, griwis.

Malawapati:

Kang jumênêng Ratu ing Malawapati, 1. Prabu Sudarma, sinangkalan: luhur gunaning salira (830), 2. Prabu Astandriya, sinangkalan: netraning mantri wolu (832), 3. Prabu Anglingdarma, sinangkalan: swara karasèng salira (867).

--- 4 : 1690 ---

Malela (kawruh êmpu):

Wêsi malela ruyun, sêrate kaya rambut, rupane putih sêmu biru, asale saka watu cêndhani, iku luwih dening malelaning karêpe, yèn dithinthing unine: drêng, agêtêr, gunane têguh kang nganggo, kaya wêsi karindhuaji, sapa kang nganggo kêndêl, ora ana kang diwêdèni, kang dadi pangane warangan lan kuliting êndhog pitik putih mulus, lêngane: lênga kusambi lan lênga kênanga.

Malela gêndhaga:

(id.) Wêsi malela gêndhaga, lan diarani manèh: wêsi loyong, yèn dithinthing unine: bung, gawene ora disêne ? Marang wong gêdhe, kang dadi pangane ora kacarita.

Mèlêm (iwak kali):

wangsalan Tjent. ginunggung ing laki = alêm

Mlambong:

zie abdi dalêm Bayalali letl.d.

Mêlêg:

zie waloh.

Mlathi Kw.:

arum, mahalathya, mênur, malambwaya, malathya,

2. Pangantèn lanang nalika arêp têmu nganggo isarat sumping kêmbang mlathi sapêlik, zie Jêmbawan letl. b. 3. Wangsalan Tjent. kang waja jamus = irêng, untu irêng = sisig K.N. lathi K.I.

Mlathi sari:

zie bathikan.

Mlathi salangsang:

zie bathikan.

Miling:

zie Bambang.

Miling:

zie gend.

Malangsumirang:

dhalang wayang kalithik kang misuwur abdine Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat II, sumare Ngimagiri.

Muplon:

Iku bangsaning wêdhus, dumunung tanah Eropah sarta Amerikah tuwin Siberiyah, ora kêna diingu ing wong, mung dadi buron alas bae.

Mudhun lêmah:

Bocah mudhun lêmah umur 6 lapan = 7 sasi luwih 3-4 dina utawa mêsthi 8 sasi lumaku.

Madhangkungan:

zie wuku.

Mêdhangmiring:

zie gend.

Maja Kw.:

wila, maos, majasta, maja lungga. 2. Wangsalan Tjent. janma pêpênging = aja.

--- 4 : 1691 ---

...

--- 4 : 1692 ---

Miji:

zie abdi dalêm kadipatèn anom letl.j.

Miji:

zie abdi dalêm kaparak têngên no.8.

Mojar:

zie wit (wuni).

Miji tanuastra:

zie abdi dalêm kaparak kiwa no.5.

Miji tanuastra:

zie kêndhi upacara letl. f

Majasanga:

zie abdi dalêm Bayalali letl.b.

Mijil (têmbang cilik):

i - o - e - i - i - u // 10 - 6 - 10 - 10 - 6 - 6.

Voorb // Wayahing surya lagya tumiling / wanci lingsir kulon / anyunari botrawi kênyare /

narawungi gêbyaring kang warih / ingkang rêmrêm pitik / tumon cahya mancur // (M.L.).

Mijil Kw.:

têgêse: mêtu, kang nganggit Susuhunan Gêsêng Dj.k. 1900.no.63.

Majalaban:

zie abdi dalêm Surakarta letl.c.

Majapait:

1. zie P.N.no.VII.

2. zie titik.

3. Kang jumênêng ratu ing Majapait, a. Jaka Sêsuruh, sinêngkalan: rupa luhur mantrining ratu (1301). b. Adaningkung = Prabu Brawijaya I. sinangkalan: tanpa buja gunaning rat (1320). c. Ayamwuruk = Prabu Brawijaya II, sinangkalan: tanpa ngrasa gunaning wong (1360). d. Lêmbumisani = Prabu Brawijaya III, sinangkalan: netra obah gunaning janma (1362). e. Bratanjung = Prabu Brawijaya IV, sinangkalan: tata rasa gunaning ratu (1365). f. Amisani = Prabu Brawijaya V, sinangkalan: buta sanga gunaning ratu (1395), banjur rusak dening pandamêling putra R. Patah.

4. Bêdhahing nagara Majapait, sinangkalan: gêni murup siniram ing wong = 1433.

5. zie tangguh.

Mijipinilih:

zie abdi dalêm prajurit letl.a. Abdi dalêm mijipinilih jêro, iku pethilan saka abdi dalêm kaparak kiwa têngên, kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, anane nalika jumênêng dalêm P.B. IV.

Mijipinilih:

Prajurit jêro. Mayor Rms. Hario Mangkuwinata, de zoon v. 1., Ridmistêr Rms. Panjie Danupinilih de zoon v. 1., Irstê Litnan Rms. Panjie Suryapinilih de zoon v. 1., Twèdhê Litnan Rms. Panjie Bratapinilih de zoon v. 1., Twèdhê Litnan Rms. Panjie Trunapinilih de zoon v 1., Twèdhê Litnan Rms. Panjie Sumapinilih de zoon v P. Pakuningrat, Wahmistêr 5. Bragêdhir 4. Saradhadhu 47. Panylomprèt 4. Gunggung 66.

Majêmuk:

zie gend.

Majagung:

sunan ... zie wali no.3

Maya:

zie wit (blimbing).

Mayar-mayar:

zie gend.

Mèyèk:

kêndhang kyai ... zie monggang letl.a.

Mayat (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris mayat luk 3, nganggo kêmbang kacang sogokan siji ing buri, grènèng, ri pandhan sarta sraweyan.

--- 4 : 1693 ---

Mayit:

Bab pangupakaraning mayit kados ing ngandhap punika:

Kamêsthianing mayit Islam.

Sadhengah mayit Islam gadhah kamêsthian kawan prakawis, kawajibakên dhatêng tiyang ingkang taksih gêsang, nama perlu kiphayah, têgêsipun, kawajiban ingkang cêkap dipun kuwawèni dening tiyang satunggal kemawon. Mênggah kamêsthian kawan prakawis wau wijangipun: 1. mayit Islam wau kêdah dipun dusi, 2. dipun ulêsi, 3. dipun sêmbahyangakên, 4. dipun pêndhêm.

Wontên ugi mayit Islam kalih warni ingkang botên kenging dipun dusi sarta botên kenging dipun sêmbayangakên,sêmbahyangakên (dan di tempat lain). wajibipun namung dipun ulêsi kalihan dipun pêndhêm kemawon, inggih punika: 1. tiyang pêjah sahid, têgêsipun pêjah pêrang mêngsah tiyang kapir sanadyan angrêbat agami utawi namung amrih jarahan, 2. bayi lair sadèrèngipun môngsa môngka dèrèng wontên tandhanipun gêsang, kados ta: cumêngèk, ambêkan, ngrêjêt, sasaminipun.

Ngêdusi mayit.

Ngêdusi mayit punika botên susah mawi niyat sampun kenging, nanging sunat utaminipun inggih mawi niyat makatên: Nawaitu adaa a fardhil ghasli 'anhadzal mayyiti. Têgêsipun makatên: niyat ingsun anindakake pêrlune ngêdusi mayit iki.

Mayit sadèrèngipun dipun dusi sunatipun kêdah dipun wuloni rumiyin. Lampah-lampahipun botên beda kalihan wulunipun tiyang gêsang, sanadyan niyatipun amuloni inggih wajib tumrap sahipun wulu, niyatipun makatên: Nawaitu adaa al fardhui an haadal mayyiti. Têgêsipun makatên: niyat ingsun anindakake amuloni mayit iki. Sarampungipun amuloni, mayit lajêng dipun dusi kados caranipun adusing tiyang gêsang. Angilèkakên toya wontên saranduning badan, angulapi najis-najis, angulapi rêgêd-rêgêd ingkang angaling-alingi ilining toya.

Sunatipun angêdusi mayit punika rambah kaping tiga utawi kaping gangsal, utawi langkung, rambahipun ganjil. Dene rambahan ingkang sapisan sunat mawi lôndha utawi sabun utawi mangir.

Ngulêsi mayit.

Sarêng sampun dipun dusi, mayit wajib dipun ulêsi mawi sinjang pêthak rangkêp tiga, kajawi rasukan kalihan ikêt. Sinjang ingkang kaangge ulês wau kêdah jinisipun sinjang ingkang kenging dipun angge dening pun mayit nalika taksih gêsang. Dados mayit jalêr botên kenging dipun ulêsi mawi sutra, awit tiyang jalêr gêsang botên kenging ngangge sutra.

Nyêmbayangakên mayit.

Mayit sasampunipun dipun dusi sarta dipun ulêsi, sanadyan dèrèng dipun lêbêtakên ing tabêla utawi sampun, punika lajêng dipun sêmbayangakên, [sêmbayangakê...]

--- 4 : 1694 ---

[...n,] dene ingkang nyêmbayangakên wau tiyang satunggal kemawon sampun cêkap, ewadene utaminipun wontêna tiyang kawan dasa utawi langkung, awit kacariyos: pakêmpalaning tiyang Islam jangkêp kawan dasa punika mêsthi wontên walinipun.

Mênggah lampah-lampahipun anyêmbayangakên mayit punika makatên:

Mayit dipun ujurakên ngalèr, tiyang ingkang badhe nyêmbayangakên ngadêg wontên sawetaning mayit majêng mangilèn, kalayan sampun samêkta, sampun wulu sarta sampun rêsik awakipun dalah sandhanganipun botên katempelan najis, punapadene nguratipun sampun katutupan barukut. Lajêng niyat makatên:

Ushali ala hadzal jinazati fardhal lillahi ta'ala. Têgêsipun: ingsun salat tumrap ingatase mayit iki, pêrlu karana Gusti Allah Tangala. Lajêng maos takbir: Allahu akbar, têgêsipun Allah iku luwih dening agung. Lajêng maos Patikhah kados salat ingkang limrah. Lajêng takbir malih kados ingkang sampun wau. Lajêng maos Salawat Nabi, makatên: Allahumma shalli ala sayyidina mukhammadiwwa ala ali sayyidina mukhammad. Têgêsipun: dhuh Allah, Tuwan mugi paringa rahmat dhumatêng Gusti kula Kangjêng Nabi Mukhammad, lan dhatêng putra santananipun Gusti kula Kangjêng Nabi Mukhammad. Lajêng takbir malih kados ingkang sampun wau. Lajêng maos donga tumrap dhatêng mayit makatên: Allahummagh firlahu warhamhu wa afihii wa'fu'anhu. Têgêsipun:dhuh Allah, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng mayit punika, lan angasihana dhumatêng mayit punika, lan mugi paringa nikmat ingkang nêntrêmakên mayit punika, lan mugi amuwunga dhumatêng mayit punika. Lajêng takbir malih kados ingkang sampun wau. Lajêng andonga makatên: Allahumma latu kharimna ajrahu walaa taftina ba'dahu wahu firlana walahu. Têgêsipun: dhuh Allah, Tuwan mugi sampun amêpêt ganjaranipun anyalatakên mayit punika dhumatêng kula, lan mugi sampun maeka dhumatêng kula sasampunipun punika, lan mugi ngapuraa dhumatêng kula lan dhumatêng mayit punika. Lajêng uluk salam, kalayan nolèh nêngên lajêng nolèh ngiwa, ungêlipun kaping kalih pisan makatên: Assalamu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh. Têgêsipun: katêntrêman lan rahmating Allah lan barkahing Allah mugi têtêpa ing sira kabèh.

Wajibipun nyêmbayangakên mayit punika namung sapisan, botên susah dipun kaping kalihi.

Mêndhêm mayit.

Pandhudhuking kubur ingkang badhe kangge mêndhêm mayit punika lêbêtipun kêdah sadêdêg sapangawe, mawi karas utawi landhak, manawi angsal siti ingkang atos utaminipun kêdah mawi kalandhak.

Mayit manawi sampun kalêbêtakên ing tabêla lajêng kaangkatakên dhatêng kubur, dumugi ing kubur lajêng kalêbêtakên, kairingakên madhêp ing keblat (majêng mangilèn), kapara minggir mangilèn, dene ingkang ngiringakên wau amungêla makatên: Bismillahi wa ala millati rasulillah. Têgêsipun: awit saking asma Allah, lan anêtêpi agamane Kangjêng Rasulullah.

Mayit lajêng dipun adzani kados ingkang sampun kalimrah. Karas utawi landhakan lajêng dipun tutup mawi balabag sasaminipun, kubur lajêng dipun urugi.

Sintên ingkang tumut ngurugi kubur nalikanipun ngêbyukakên siti ingkang sapisan mungêla makatên: Minha khalaqnaakum. Têgêsipun: sira kabèh padha Ingsun dadèkake saka ing lêmah. Nalika ngêbyukakên siti ingkang kaping kalih mungêla makatên: Wa fiha nu'idukum. Têgêsipun: lan sira kabèh Ingsun balèkake dadi lêmah manèh. Nalika ngêbyukakên siti ingkang kaping tiga mungêla makatên: Wa minha nuhrijukum tarata ukhraa. Têgêsipun: sira kabèh bakal Ingsun wêtokake saka ing lêmah sapisan êngkas. Kubur lajêng têrus dipun urugi sarampungipun. Sasampuning rampung lajêng dipun waosakên talkin, dene ingkang maos talkin wau lênggah utawi andhodhok wontên sakilèning punthuk kubur majêng mangetan, tiyang kathah sami mirêngakên.

Talkin

Laphal: Maknanipun

Subhaana man ta'azza zabil ghudrati wal baqaai: Maha Suci Allah ingkang Maha Mulya angagêm sipat kuwasa sarta langgêng.

Wa qaharal 'ibaada bil mauti wal fanai: Lan amisesa para kawula kalawan pati lan rusak.

Kullu nafsin dzaa iqatul mauti: Sadhengah awak iku mêsthi angicipi pati.

Wa innamaa tu waffauna ujuuran lum yaumal qiyaamati: Wêwalês kang tumrap ing sira kabèh mêsthi bakal ditindakake besuk dina kiyamat.

Faman zuhziha 'aninna ri wa ukhilal jannata faqad faa zaa: Dene sing sapa didohake saka ing naraka lan dilêbokake ing suwarga iku têmên wong bêgja.

Wa maal hayaatuddunyaa illa mataa 'ul ghuruuri: Kauripan ing donya iku ora ana manèh kajaba mung kabungahan jalomprongan.

Yaa 'abdallahibna 'abdayillahi: He kawulaning Allah anake kawula loroning Allah.

Udz kuril 'ahdalladzii kunta 'alaihi fiidariddunya: Sira elinga prajanjian kang wus sira sanggêmi ana ing ngalam dunya.

Wa kharajta ilaa daril akhirati: Lan saiki sira wus mêtu marang alam akerat.

Syahadatan alla ilaha ilallahu wahdahu laa syarikala: Kalawan anêksèni yèn ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr mung Allah piyambak, ora ana kang madhani ing Allah.

Ilahawwahidaw warabban shamadaa: Sêsêmbahan sawiji lan Pangeran kang jangkêp.

Laa na'budu siwahu: Ingsun ora nyêmbah liyane Allah

--- 4 : 1695 ---

Wa nahnulahu muslimuun: lan Ingsun iki kabèh padha Islam pasrah ing Allah.

Wa anna muhammadan abduhu wa rasuuluh: Lan tuhu Kangjêng Nabi Muhammad iku kawulaning Allah lan utusaning Allah

Arsalahu bil huda wadiinil haq: Gusti Allah angutus Kangjêng Nabi Muhammad kalawan pituduh lan agama bênêr (agama Islam).

Liyuzh hirahu 'aladdiini kullih: Supaya dèn gêlarna anyalini sakèhing agama.

Wa laukarihal kaafiruun: Sanajan wong Kapir kabèh padha gêthing.

Yaa abdallahibna ab'dayyillaah: He kawulaning Allah anake kawula loroning Allah.

Idzaajaa akal malaakaanil haa ilaan: Tatkalane sira katêkan Malaekat loro kang padha mêdèni rupane.

Yuqaalu lahumaa munkarun wa nakiirun: Anama Malaekat Mungkar lan Malaekat Nakir.

Falaa yuhawwilaka wa laa yuz'ijaaka: Iku aja andadèkake wêdi lan girisira.

Fa inna humaa khalqun min khalqillahi ta'aala mitsluka: Awit Malaekat loro iku uga titahing Allah, padha bae lan sira.

Wa idzaa sa alaaka marrobbuka wa ma nabiyyuka: Nalika Malaekat loro mau takon ing sira: sapa Pangeranira, lan sapa Nabinira.

Wa maa diinuka wa maa qiblatuka: Lan agamanira apa, lan kiblatirta apa.

Wa maa imaamuka, wa man ikhwanuka: Lan Panutanira apa, lan sadulurira sapa.

Fa qul Allaahu robbii wa Muhammadunnabiyyi: Ing kono sira wangsulana: Pangeran kula Gusti Allah, Nabi kula Kangjêng Nabi Mukammad.

Wal Isalaamudiinii wal ka'batu qiblat, wal qur anu imaami wal muslimuuna wal muslimaatu ikhwaani: Agami kula Islam, kiblat kula Kakbah, Panutan kula kitab Kur'an, sadhèrèk kula para tiyang Islam sadaya, jalêr miwah èstri.

Syabbatakallahu bil qoulistabiti: Gusti Allah muga anêtêpna kaelinganira. Eling marang pangucap kang têtêp wus ingsun wulangake mau.

Yustabitullahulladziina amanuu bil qouli staabiti: Gusti Allah anêtêpake kaelingane wong kang padha kasandhangan Iman, eling marang pangucap wis têtêp.

Fil hayaatiddunya wa fil akhirati: Sajroning urip ana ing ngalam donya iki, lan uga besuk ana ing akerat.

Inggih punika talkin ingkang cêkak piyambak, tur sampun cêkap.

Bagus Ngarpah. dumugi cariyos ing nginggil.

Mama:

1 Tj.B. papa, 2. Kw. ngêmi-êmi.

Mêmê:

niet.

Mimi:

Tj.B. patut.

Mumu:

TJ.B. asih.

Meme:

niet.

Momo:

niet.

--- 4 : 1696 ---

Mayat miring (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris mayat miring: bênêr (ambêngkuk), nganggo gusèn, sogokan siji ing buri, gêgêr punuk.

Mayang:

zie wit (jambe).

Mayang:

tumênggung ... zie K.G.no.16.

Mayangsari:

zie gend.

Mayangsari:

zie Sêdhahmirah.

Mayangmêkar:

zie gend.

Miyanggong:

zie gend.

Mimi Kw.:

imi-imi, mindara, mintuna, mithuna.

Mamênang:

Kang jumênêng Ratu ing Mamênang, 1. Prabu Gêndrayana, ngalih saka ing Ngastina marang Mamênang zie Ngastina no.9. ngalih jêjuluk: Prabu Sudarsana, sinangkalan: sirna ilanging naga (800), 2. Prabu Jayabaya, sinangkalan: pônca netraning naga (825), 3. Prabu Jayaamijaya sinangkalan: swara karasèng sarira (867), 4. Prabu Jayaamisena, sinangkalan: sirna swaraning salira (870), 5. Prabu Kusumawicitra, sinêngkalan: netraning pandhita kasalira (872) banjur pindhah marang Pêngging.

Mimis:

zie upacara letl.f.

Mimis:

kêndhang kyai ... zie Kodhokngorèk letl.b.

Mimis:

zie Sêtyaki

Mimis:

zie Bratasena en Bima.

Mumpangkara:

J.W. = madoni utawa mogok karampungan.

Mega:

Araning mega kang muni ing D.N.K. 7 - 1 v.o.B. En. Spraakkuns 39-8.v.o. kaya ing ngisor iki:

urur D.N.K. en.Spr. yèn mega dawa nyalèntrèng / urut D.N.K. / irawan D.N.K. / awan D.N.K. / awang D.N.K. / ima D.N.K. / ima-ima Spr. yèn mega mêndhung durung udan, utawa yèn ngaling-alingi rêmbulan nipis. / imanda D.N.K. / imantara D.N.K. / imantaka Spr. yèn mega papak lan banyu. /

--- 4 : 1697 ---

mpêr kêmodhong, nanging digantung zie kala.

MêgatruMêgatruh. (têmbang têngahan):

u - i - u - i - o // 12 - 8 - 8 - 8 - 8

Voorb // Sigra milir kang gèthèk sinôngga bajul / kawandasa kang jagèni / ing ngarsa miwah ing pungkur / tanapi ing kanan kering / kang gèthèk lampahnya alon // B. Dm.

Mêgatruh têgêse: nêrang udan, kang nganggit Susuhunan Giri Parapèn zie Dj.K. 1900. no. 63.

Mêgatsari:

Pangeran ... ingkang garwa zie Sel.no.10 III.

Mega mêndhung:

zie gend.

Magang:

zie dhatu (40).

Mega ngêmu wulan:

Ciri mega ngêmu wulan, jaran wadon pusêr ing wêtênge, watêke bêcik, kang ngingu sêrêpan antuk rijêki, rahayu slamêt yuwana luhur.

Mubin:

Pangulu ... zie P.N.no.40.

Mathi:

zie ciri. Dene ciri mathi, mathining jaran katutupan wêwarung, watêke bêcik rahayu kang ngingu.

Mothi:

Tukang gawe topèng zie P.B. III.

Mathi suwung:

Jaran kang ora duwe mathi, watêke: ala, yèn ginawa lêlungan golèk sandhang pangan, ora olèh gawe, wong kang pinaranan ora ana ngomah.

Mangu:

1. zie Arjuna. 2. zie Krêsna. 3. zie dhatu (26) 4. Wayang Kyai Mangu, yasane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara II ing Surakarta, nalika taun 1701 zie id letl.a.

Mangunonêng:

Patih tumênggung ... zie P.N.no.44.

Mangunêng (kêmbang):

wangsalan Tjent. tanpa ngucap.

Mangunkusuma:

radèn mas adipati ... zie P.N.no.51. en zie Patih.no.28.

Mangungkung:

zie gend. en zie gapura kradèn ayon.

Mangundara:

1. zie abdi dalêm kaparak têngên no. 11. 2. zie abdi dalêm kaparak kiwa, ampilane tumbak balandaran, cêpuri pagantenan, tamèng, gandhewa, kêbut badhak.

Manguntur tangkil:

zie dhatu (20).

Mangunpradata:

radèn ngabèi ... zie P.N.no.51.

Mangir:

' = Lowanu Kyai Agêng ... zie K.g. no. 80. Ingkang garwa zie K.g. no. 81.

--- 4 : 1698 ---

Manguri:

(W.H.) têgêse: pamudharan, kuwajibane pinitaya anglurahi para wadya jêksa, wênang amudhari karampungan kang durung bênêr, utawa mrayoga lakuning prakara, sarta mêmangkat patraping wisesa, kaparingan lungguh bumi desa 425 karya, utawa 106 1/4 jung.

Mangkunagara I.:

Kang muni ing buk nitik, tundhuke Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I (Sambêrnyawa), marang ingkang putra kaponakan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III pinêthuk ana ing desa Tunggarana salor wetaning Bêkonang, sinangkalan: aningali salira rasa tunggal (1682),Sengkalan: sirnaning gapura obahing bumi (1682 A.J., 1756/57 A.D.). sawênèhing sangkalan: ngucap salira angrasa wani (1682),Sengkalan: ngucap salira angrasani wani (1682 A.J., 1756/57 A.D.). banjur kapacak kasenapatène, kaparingan lungguh bumi desa sarta kêna milih kèhe 4000 karya.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I karsa yasa wayang wong, kang ginawe guru lakoning wayang purwa, nganggo anjogèd, sinangkalan: tanpa sirna swaraning janma (1700).Sengkalan: tanpa sirna swaraning janma (1700 A.J., 1774/75 A.D.).

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV karsa nganggit gamêlan salendro pelog, nganggo wêwangunan saplangkan-saplangkan bumbungane kayadene gêndèr, barêng wis dadi kaparingan aran: gamêlan Mardiswara.

M.N. II: 1722, M.N. III: 1761, M.N. IV: 1781, M.N. V: 1810, M.N. VI: 1826 zie Sajarah.

--- 4 : 1699 ---

Dalêm Kadipatèn Kamangkunagaran:

Ambane 96 kaki. Dawane 124 kaki.

Paringgitan ? Ambane ... kaki. Dawane ... kaki.

Pandhapa: Ambane 100 kaki. Dawane 118 kaki 10 dim.

Mangkunagara:

Kroon Prins I = P.B. III.

Mangkunagara:

Kroon Prins II = P.B. IV. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ing Surakarta kaping II, karsa yasa wayang purwa, babone wayang saka Kartasura, kajujut sasigaring palêmahan, wayang lanang wadon padha kajait, dêdêge wayang lanyapan: ora sangkuk, wandane rangkêp-rangkêp, buta kêthèk padha mripat siji, abdi dalêm panatah Cêrmapangrawit, Gôndapangrawit, Cêrmajaya, Cêrmatruna lan Cêrmadôngsa, abdi dalêm panyorèk: Sêcawijaya, padha kadhawuhan natah wayang ricikan, barêng wis rampung katêlah ingaran: wayang kadipatèn, para dhalang padha angarani: wayang jujutan sapisan, kagêm padinan ana ing karaton, wiwit iku wayang katulis palêmahane, kang ômba palêmahane katulis mangkene: jênêngan dalêm Wêrkudara Lindhu Panon, jênêngan dalêm Gathutkaca Guntur, mêngkono [mêng...]

--- 4 : 1700 ---

[...kono] sapêpadhane, têgêse: mung nuduhake yèn wayang iku yasan dalêm, dene wayang kang ciyut palêmahane yèn sêdhêng iya tinulis mangkono mau, kaya ta: jênêngan dalêm Krêsna Gêndrèh, jênêngan dalêm Ngamarta Puthut, jênêngan dalêm Parta Jimat, dene pèngêtane katulis ana palêmahaning kayon, wiwit ing Surakarta kayon ora nganggo isi liyane lunglungan, awit wis ora nganggo gambaring sangkalan.

Lan manèh karsa dalêm yasa prampogan, panganggone miturut kang dèn iring, yèn prajurite padha nganggo kulambi (Jawa utawa Buta) prampogane iya padha nganggo kulambi, tuwin prampogan kang kanggo budhaling jaranan, iku palêmahane kaukir ing sastra muni pèngêtan rampunging yasan dalêm, dina tanggal sasi lan taune, sinangkalan: pandhita trus kawayang tunggal = 1697.Sengkalan: pandhita trus kawayang tunggal (1697 A.J., 1771/72 A.D.).

a. Kangjêng gusti karsa yasa wayang purwa manèh, kang ingandikakake natah: Cêrmapangrawit, Gôndapangrawit sakancane, wandane mirib babone wayang kadipatèn, disuda dêdêge kaya Kyai Pramukanya, kabèh wayang kang wandane rangkêp diwujudake kabèh, mung buta Raton siji lan Bima topong siji padha ora dirangkêp, barêng wis dadi sakothak, diparingi aran Kyai Mangu.

--- 4 : 1701 ---

b. Tunggal warsa yasa gamêlan wayang purwa (salendro) gêndère sapangkon 12 wilahan padha irêngan, rêbab ponthang, gambang sapangkon, kêndhang, suling, kêtipung, kêcèr, kêthuk padha niji, saron rong pangkon ngênêm wilah, kênong kêmpul ngloro, gong suwukan siji, barêng wis dadi diparingi aran: Kyai Jimat.

Kacarita dhèk samana Kangjêng Gusti mau rêmên andhalang piyambak sabên tingalan dalêm wiyosan salapan dina sapisan, sinangkalan: warna Boma giri raja 1701.Sengkalan: warna Boma giri raja (1701 A.J., 1775/76 A.D.).

c. Kangjêng gusti isih karsa yasa wayahwayang. purwa manèh kaya kang wis, wandane Baladewa ganêp papat, sêmbada, kagèt, gègèr lan paripêksa, Sêtyaki wandane dadi têlu, mimis, akik lan wisuna, Gathutkaca ganêp papat sapanunggalane ginawe ganêp, barêng wis dadi salakon diparingi aran: Kyai Kanyut, sinangkalan: karya luhur swarèng janma = 1704.Sengkalan: karya luhur swarèng janma (1704 A.J., 1778/79 A.D.).

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III. kagungan karsa caritaning layang Arjunawijaya, Lokapala sarta Ramawijaya prang lan Dasamuka diwujudake wayangane kadadèkake salakon, babone kagungan dalêm wayang purwa ing kadipatèn, dijujut padha karo Kyai Kadung, buta ing Ngalêngka padha nganggo tangan loro kabèh, kayadene kêthèk, mung buta ratu tangane isih siji, wayang sakothak iku ora

--- 4 : 1702 ---

ana liyane wayang têlung nagara, mangkono uga lêlakone iya ora liya lakon têlung nagara mau, kang disumping kiwa têngên mung wayang Lokapala.

Kang dikarsakake natah Cêrmapangrawit sakancane wong lima, lan Ki Sadôngsa ing Palar, iku kang natah Batharane Guru: wandane Karna, nanging tatahane kurang alus tinimbang lan tatahane Cêrmapangrawit, Gôndapangrawit, sinangkalan: arga mubal anggorèng buwana = 1737.Sengkalan: arga mubal anggorèng buwana (1737 A.J., 1810/11 A.D.).

Mangkunagara:

pangeran ... zie Kuthagêdhe no. l4.

Mangkunagara:

zie jalak sangu tumpêng (4).

Mangkurat:

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan A ... Mataram, sumare Têgalarum (padhalangan). Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat, karsa yasa gêdhog, babone iya wayang gêdhog, gawean dhèk jaman Dêmak, kajujut dêdêg-pangadêge sasigaring palêmahan, sarta tangane kasopak kayadene wayang purwa, prabote lêstari kayadene babone, kang minôngka sangkalan gambare Bathari Durga, ancik- ancik watu gilang rinambatan ing kêkêmbangan, unining sangkalan: sela tinitihan yaksa widadari = 1571.Sengkalan: arga mubal anggorèng buwana (1571 A.J., 1649/50 A.D.).

Tumuli karsa nata manggon ing panganggone kagungan dalêm gamêlan, kaya ta:

1. Monggang Patalon, kajaba kagêm miyos watang sabên Sêtu, kagêm pakurmatan wiyos dalêm Garêbêg ana ing Sitinggil.

2. Kodhok ngorèk, iya kagêm pakurmatan wiyos [wi...]

--- 4 : 1703 ---

[...yos] dalêm Garêbêg uga ana ing Sitinggil, gêntèn karo unine Monggang Patalon, barêng lan unining drèl.

3. Lokanônta kagêm pakurmatan bubar watang kondur dalêm angadhaton, gêndhinge Undur-undur Kajongan, kasênggakan marang abdi dalêm badhut loro padha nganggo kêpyak calapita (gadhing dislobokake ing dariji).

4. Carabalèn, kanggo tabuhane wong anjogèd jêbêng.

5. Salendro, 6 Pelog ... Kanggo tabuhane abdi dalêm wirèng lan kalangênan dalêm Badhaya Srimpi, mawa-mawa pantêse, nganggo slendro apa pelog.

7. Sakatèn, kajaba kanggo ngarêpake Garêbêg Mulud, kanggo pakurmatan yèn ana pamiwahan gêdhe putrining ratu.

8. Srunèn, kanggo tabuhane abdi dalêm prajurit.

9. Kalaganjur gêndhing, iku gamêlan Kodhokngorèk, nanging tanpa kêndhang liniru bêdhug, sarta ting-tingane katipung, kanggo tabuhane adu-adu lan ngrampog macan, sinangkalan: swara sapta marga tunggal = 1577.Sengkalan: swara sapta marga tunggal (1577 A.J., 1654/55 A.D.).

Zie Têgalarum no. 1.

Mangkurat:

Jumênêng ing Têgal taun 1601, jumênêng ing Kartasura taun 1603.

Mangkurat (Kartasura) (padhalangan):

Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat ing Kartasura nalika taun 1603, andhawuhake marang abdi dalêm dhalang yèn anglakokake wayang ana ing karaton: Sêmar, Petruk, Nalagarèng, ingaran lakon [lako...]

--- 4 : 1704 ---

[...n] kulon, sarta dhalange banjur pilah, dhalang kasêpuhan sarta dhalang kanoman.

Tumuli ana karsa dalêm yasa wayang Purwa, babone wayang saka Mataram, wayang wadon padha ngango: gêlung, cundhuk mêntul, ali-ali, gêlang, kroncong, jamang, kalung, sarta kêlat bau, wayang kang mripat liyêpan ora kajait, wayang lanyapan dêdêge sangkuk, mripat kajait, para dewa kajaba Bathara Guru lan Bathari Durga padha nganggo kulambi jubah sarta sapatu, para pandhita nganggo kulambi jubah nanging tanpa sapatu. Arjuna nganggo wônda jimat, karsa dalêm kang minôngka gambaring sangkalan: yasa buta gundhul adêdêg cebol, gulune cêkak nganti mèh ora katara, irunge mirib terong glathik, mripat siji, dadi panunggalane buta panyarèng lan buta rambut gêni, buta iku ing padhalangan angarani: buta êndhog, unining sangkalan: marga sirna wayanging raja = 1605Sengkalan: marga sirna wayanging raja (1605 A.J., 1682/83 A.D.). En zie Img. no.2.

Mangkurat:

Prabu ... (Kartasura) (padhalangan). Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat, ing Kartasura (putra Pugêr) karsa yasa wayang gêdhog, diparingi aran: Kyai Banjêt, kang minôngka sêngkalan: gambar gapura pinindha cagak papat, bauning gapura sinungan lung-lungan nênêm, unining sangkalan: lawang dadi rasaning dewa = 1649.Sengkalan: lawang dadi rasaning dewa (1649 A.J., 1724/25 A.D.). Lan karsa yasa gamêlan sakatèn salendro pelog.

--- 4 : 1705 ---

En zie Img. no. 57.

Mangkurat:

kangjêng ratu ... Img.no.52.

Mangkurat:

kangjêng ratu ... Img.no.58.

Mangkurat:

panêmbahan ... zie K.G.no. 35.

Mangkurat:

P.N. No ...

1. Patih Tumênggung Mangkurat IV. 12.

2. Patih Tumênggung Mangkurat 27, 28 en 29 En zie patih no. 1.

3. Mangkurat (Têgalarum) P.N.no.37.

4. Mangkurat (Kartasura) P.N.no.39.

5. Mangkurat Mas P.N. no. 40.

6. Mangkurat, prabu ... P.N. no. 42.

7. Mangkurat, Prabu Kuning (Garêndi) P.N.no.44.

Mangkurat (kêris):

Dhapuring kêris mangkurat: bênêr, nganggo gusèn, sogokan, kêmbang kacang, sraweyan sarta ri pandhan zie jalak sangu tumpêng (3).

Mangkurat Mas:

1. zie P.N. no. 40. 2. Nalika kakendhangake taun 1632. 3. zie Img. no. 31.

Mangkukusuma:

radèn ayu ... putra dalêm P.B. IX zie Img.no.91.

Mangkukusuma:

radèn ayu ... zie K.g.no.63.

Mangkukusuma:

pangeran ... zie K.g.no.64.

Mangkudiningrat:

pangeran ... zie K.g.no.124.

Mangkudiningrat:

pangeran ... zie K.g.no.36.

Mangkudiningrat:

radèn ayu ... zie K.g.no.105.

Mengkot:

zie gend.

Mangkuwijaya:

R.Ng ... Img.no.189.

Mangkupraja:

radèn adipati ... zie patih no. 18 En P.N.no.45 (Andong).

Mangkupraja:

radèn adipati ... zie Patih No.22. En P.N. no.46 (Ayah).

Mangkupraja:

radèn ayu ... Img.no.110.

Mangkuyuda:

radèn ayu ... Img.no.202.

Mongkog, Mongkog dhelik:

zie gend.

--- 4 : 1706 ---

Mêngkubuwana I:

Wiyosan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatullah ing Ngayogyakarta nuju ing dina Rêbo Pon tanggal ping 27 sasi Ruwah taun Wawu ôngka 1641. Barêng yuswa 39 taun jumênêng nata, nuju ing dina Kêmis Pon tanggal ping 29 sasi Jumadilawal taun Be ôngka 1680. Jumênêng olèh 38 taun, seda nuju ing dina Ngahad Kaliwon tanggal ping 1 sasi Ruwah taun Je ôngka 1718 dadi yuswa 77 taun.

Mêngkubuwana II:

Wiyosan dalêm ing dina Sêtu Lêgi tanggal ping 28 sasi Mulud taun Alip ôngka 1679. Barêng yuswa 39 taun jumênêng nata nuju ing dina Sênèn Pon tanggal ping 9 sasi Ruwah taun Je ôngka 1718. Nalika Ingkang Sinuhun Sultan kakendhangake dening Kangjêng Guprêmèn Inggris, nuju ing dina Sêtu Lêgi tanggal ping 9 sasi Jumadilakir taun Alip ôngka 1739. Barêng wis kalakon 15 taun, kakundurake saka ing pakendhangan, nalika ing dina Kêmis Paing tanggal ping 13 sasi Sura taun Jimakir ôngka 1754. Kèndêl olèh sataun seda, nuju ing dina Kêmis Lêgi tanggal ping 14 sasi Jumadilakir taun Alip ôngka 1755 dadi yuswa 76 taun. En zie K.g. no. 25.

--- 4 : 1707 ---

Mêngkubuwana III:

Wiyosan dalêm ing dina Rêbo Kliwon tanggal ping 18, sasi Sawal taun Alip ôngka 1699. Barêng yuswa 40 taun jumênêng nata, nuju ing dina Ngahad Paing tanggal ping 10 sasi Jumadilakir taun Alip ôngka 1739. Jumênêng olèh 2 taun seda, nuju ing dina Kêmis Paing tanggal ping 19 sasi Dulkangidah taun Jimawal ôngka 1741 dadi yuswa 42 taun.

Mêngkubuwana IV:

Wiyosan dalêm ing dina Salasa Lêgi tanggal ping 22 sasi Bêsar taun Jimakir ôngka 1730. Lagi yuswa 11 taun jumênêng nata, nuju ing dina Kêmis Paing tanggal ping 19 sasi Dulkangidah taun Jimawal ôngka 1741. Jumênêng olèh 9 taun seda, nuju ing dina Jumungah Paing tanggal ping 21 sasi Mulud taun Je ôngka 1750 dadi mung yuswa 20 taun.

Mêngkubuwana V:

Wiyosan dalêm ing dina Salasa Lêgi tanggal ping 8 sasi Rabingulakir taun Alip ôngka 1747. Lagi yuswa 3 taun jumênêng nata, nuju ing dina Kêmis Kaliwon tanggal ping 5 sasi Rabingulakir taun Je ôngka 1750.

--- 4 : 1708 ---

Jumênêng olèh 33 taun seda, nuju ing dina Salasa Lêgi (padha karo wiyosane) tanggal ping 20 sasi Pasa taun Dal ôngka 1783. Dadi yuswa 36 taun.

Mêngkubuwana VI:

Wiyosan dalêm ing dina Ngahad Pon tanggal ping 20 sasi Dulkangidah taun Ehe ôngka 1748. Barêng yuswa 35 taun jumênêng nata, nuju ing dina Kêmis Lêgi tanggal ping 19 sasi Sawal taun Dal ôngka 1783. Jumênêng olèh 23 taun seda, nuju ing dina Jumungah Paing tanggal ping 9 sasi Rêjêp taun Je ôngka 1806. Dadi yuswa 58 taun.

Mêngkubuwana VII:

Wiyosan dalêm ing dina Sênèn Lêgi tanggal ping 20 sasi Dulkangidah taun Je ôngka 1766. Barêng yuswa 40 taun jumênêng nata, nuju ing dina Sênèn Lêgi (padha karo wiyosane) tanggal ping 3 sasi Ruwah taun Jimawal ôngka 1806. Jumênêng olèh ...

--- 4 : 1709 ---

Mangkubumi I:

Kala Kangjêng Gusti Pangeran Mangkubumi I kakendhangakên ngagêm nyamping sêkar jarak, lajêng prasapa putra wayahipun botên kalilan ngangge sinjang bathik sêkar jarak.

--- 4 : 1710 ---

Mangkubumi:

1. Nalika Kangjêng Pangeran Mangkubumi Rms Sujana, sadhèrèk dalêm P.B. II lolos saka ing Surakarta, padalêmane ing kampung Bêton, marang tanah Sukawati, jumênêng piyambak ana ing desa Pabrêgan, sawênèh ana ing desa Pandhak Karangnôngka, sinangkalan: buta angrik ngoyak jagad (1675)Sengkalan: buta angrik ngoyak jagad (1675 A.J., 1749/50 A.D.). ajêjuluk Sultan Mangkubumi.

2. Sultan Mangkubumi pêpanggihan lan ingkang putra Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.III. bêdhami lèrèn ing prang ana ing desa Lêbak Jatisari (ing J.W. Pajatisari) sinangkalan: panêmbahing salira rasa tunggal 1682.Sengkalan: buta angrik ngoyak jagad (1675 A.J., 1749/50 A.D.).

--- 4 : 1711 ---

Môngsa:

Kang nganggit môngsa rolas kajupuk saka môngsa pali kang kalakokake ing bôngsa Indhu, katumbukake karo lakuning srêngenge, sarta arane ingêlih pisan kaya ta: Kartika = Kasa ngumur 31 dina. Pusa = Karo ngumur 30 dina. Manggasri = Katêlu ngumur 30 dina. Sitra = Kapat ngumur 31 dina. Manggakala = Kalima ngumur 30 dina. Naya = Kanêm ngumur 31 dina. Palguna = Kapitu ngumur 31 dina. Wisaka = Kawolu ngumur 30 dina. Jita = Kasanga ngumur 30 dina. Srawana = Kasapuluh ngumur 30 dina. Padrawana = Dhastha ngumur 30 dina. Asuji = Saddha ngumur 30 of 31 dina.

Iku Rêsi Radhiya ing wukir Tasik, sinangkalan: môngsa kasanga manglar (296) P.R.I. 257-9

--- 4 : 1712 ---

Môngsa pranata ...:

Pranata môngsa iku sawiji-wijining môngsa umure beda-beda, ana akèh ana sathithik, ananging gunggunge ing dalêm sataun suyasurya. 365 of 366 dina, kaya ta: Kasa = Kartika = Budha umur 41 dina. Karo = pusa = Buja umur 23 dina. Katêlu = Manggasri = Wedha umur 24 dina. Kapat = Sitra = Caturyuga umur 25 dina. Kalima = Manggakala = Gati umur 26 dina. Kanêm = Naya = Winayang umur 43 dina. Kapitu = Palguna = Biksuka umur 43 dina. Kawolu = Wisaka = Kasu umur 26 of 27 dina. Kasanga = Jita = Nanda umur 25 dina. Kasapuluh = Srawana = Boma umur 24 dina. Dhêstha = Padrawana = Dhastha umur 23 dina. Sadha = Asuji = Saddha umur 41 dina. Gunggung 365-6 dina.

Supaya bisa eling marang umuring môngsa sawiji-wiji prayoga mawa apalan mangkene:

Kasa Sadha 1-12 patang puluh siji

Karo Dhêstha 2-11 samya tri likurnya

Katêlu Kasapuluhe 3-10 padha umur patlikur

--- 4 : 1713 ---

Kapat lawan Kasanga sami 4-9 umur salawe dina,

Kalima Kawolu 5-8 samya ngênêm likur dina,

Kanêm lawan Kapitu 6-7 umure sami, ngawan dasa têtiga.

Sumurupe Wastu Wuntuning môngsa kawolu mangkene, angkaning taun pranata môngsa kabuwang papat-papat, yèn bisa êntèk, umuring môngsa kawolu 27 dina.

Yèn nyikala 26 dina.

Umuring taun pranata môngsa dhèk ôngka 1 = 1784.

Têpunging môngsa iku ing dalêm 32 taun.

Peranganing môngsa I

Dhêstha, Sadha, Kasa, Karo, Katêlu, Kapat ... katiga

Kalima, Kanêm, Kapitu, Kawolu, Kasanga, Kasapuluh ... rêndhêng

--- 4 : 1714 ---

Peranganing môngsa II.

Kasa, Karo, Katêlu ... môngsa têrang katiga ngêrak

Kapat, Kalima, Kanêm ... môngsa labuh wiwit ana udan

Kapitu, Kawolu, Kasanga ... môngsa rêndhêng akèh udan

Kasapuluh, Dhêstha, Sadha ... môngsa marèng udan ngarang-arangi

Candraning môngsa.

Kasa, sotya murca saka ing êmbanan, mangsane gêgodhongan padha gogrog, kêkayon padha paruthul.

Karo, bantala rêngka, mangsane lêmah padha nêla.

Katêlu, suta manut ing bapa, mangsane lung-lungan padha nurut lanjaran.

Kapat, waspa kumêmbêng jroning kalbu, mangsane pêpêt sumbêr.

Kalima, pancuran mas sumawur ing jagad, wiwit tibaning udan.

Kanêm, rasa mulya kasucian, mangsane wowohan [wowoh...]

--- 4 : 1715 ---

[...an] sumêdhêng.

Kapitu, wisa kentir ing maruta, mangsane akèh lêlara.

Kawolu, anjrah jroning kayun, mangsane kucing gandhik

Kasanga, wêdharing wacana mulya, mangsane gangsir ngênthir, garèng ngèrèng.

Kasapuluh, gêdhong minêb jroning kalbu, mangsane kewan mêtêng.

Dhêstha, sotya sinarawèdi, mangsane manuk padha ngloloh.

Sadha, tirta sah saking sasana, môngsa bêdhidhing. J.Z.II.283-6.

Môngsa wuku:

Môngsa wuku iku ngetung kumpule lakuning môngsa rolas lan wuku têlung puluh, umure ajêg sabên 35 utawa sabên salapan dina gumanti, mulane tibaning tanggale sapisan iya ajêg sabên dina Anggara Kasih (= Salasa Kliwon), awit saka ajêge tibaning tanggale sapisan, andadèkake ajêge tibaning môngsa wuku, upama môngsa wuku sêmene, wukune mêsthi tiba mêngkene, dadi kêna pinathok kaya uran-uran ing ngisor iki:

[Asmaradana]

Pônca dhêstha ing Kurantil / sad: sadha ing Julung Kêmbang / ka: sapta Môndhasiyane / dwi: astha ing Tambirira / tri: nawa ing Prangbakat / kacatur dasa ing Dhukut / môngsa wuku pratelanya //

Têgêse uran-uran mau mangkene:

Pônca dhêstha ing Kurantil enz. iku sajroning môngsa Kalima lan Dhêstha = 5-11, ana wukune Kurantil, lan ana dinane Anggara Kasih, iya iku tibaning tanggale sapisan môngsa wuku.

Katêrangake manèh supaya gampang olèhe angeling-eling mangkene:

1 lan 7 ing Môndhasiya. 2 lan 8 ing Tambir. 3 lan 9 ing Prangbakat. 4 lan 10 ing Dhukut. 5 lan 11 ing Kurantil. 6 lan 12 ing Julungwangi.

Iki uran-urane:

[Asmaradana]

Môngsa wuku Gara Kasih / kasa sapta Môndhasiya / dwi astha wuku Tambire / katiga nawa Prangbakat / catur dasa Dhukutnya / pônca dhêstha Krantilipun / sad sadha ing Julungsêkar //

Ing dalêm sataune môngsa wuku = rolas Anggara Kasih = 35 x 12 = 420 dina.

taun pranata môngsa, taun surya ... = 365 dina.

taun côndra 355 dina

Mungguh pangetunging môngsa wuku ing wiwitaning taun mangkene: nêptuning windu kakumpulake karo nêptuning taun, tinêmuning gunggungan winilang urut wiwit saka

--- 4 : 1717 ---

môngsa Kasa, êndi andhêging wilangan, iya iku môngsa wuku ing wiwitaning taun (= tanggal sapisan sasi Sura), nanging nêptuning taun kang kanggo ngetung môngsa wuku iku beda karo nêptuning taun kang wis kêlumrah (kang dianggo ngetung tanggaling sasi), kaya ta:

Sancaya nêptu 3 Alip nêptu 12. Adi nêptu 12 Ehe nêptu 10. Kunthara nêptu 19 Jimawal nêptu 9. Sêngara nêptu 16 Je nêptu 7. Dal nêptu 5. Be nêptu 3. Wawu nêptu 1. Jimakir nêptu 11.

Upama nêptuning windu Sancaya 3, nêptuning taun Alip 12, gunggung 15, iku banjur winilang urut wiwit môngsa Kasa, dadi tiba môngsa Katiga, iya iku tanggale sapisan sasi Sura taun Alip windu Sancaya, mangsane wuku: môngsa Katiga, sarta isih kawêngku ana sajroning Anggara Kasihe wuku Prangbakat, yèn pangetunge ora nganggo pathokaning nêptu, iku bisa kêliru dadi môngsa Kasanga, awit Anggara Kasihe wuku Prangbakat ana loro, tarkadhang môngsa Katiga, tarkadhang môngsa Kasanga.

Pêthikan karangane Kyai Rogantara abdi dalêm juru ing Surakarta zie Br. 1897. no. 83.

--- 4 : 1718 ---

Pathokanipun pangupadosing môngsa wuku makatên: nêptuning windu kagunggung kalihan nêptuning taun sarta nêptuning wulan ingkang katamtokakên, kawêwahan tanggaling wulan wau. Nêptu wau kalih warni, ingkang satunggal cacahing môngsa, satunggalipun cacahing dintên.

Panggunggungipun makatên: cacahing dintên kalihan cacahing môngsa kagunggung piyambak-piyambak, nanging cacahing dintên mawi kawêwahan tanggaling wulan, salajêngipun gunggunging dintên yèn langkung saking 35, ingkang 35 kainggahakên dados môngsa 1, yèn langkung saking 70, ingkang 70, kainggahakên dados môngsa kalih, kawêwahan dhatêng gunggunganing môngsa, ingkang katêtêpakên dhatêng gunggunganing dintên namung 35 sapangandhap.

Gunggunganing môngsa yèn langkung saking 12, ingkang 12 kabucal, yèn langkung saking 24, ingkang 24 kabucal.

Ingkang katêtêpakên gunggunganing môngsa namung 12 sapangandhap. Wasana kapanggihipun gunggunganing môngsa amratelakakên môngsa wuku ingkang dipun upadosi, kadosta 1. punika môngsa Kasa, 2. môngsa Karo, 3. môngsa Katiga, sapiturutipun ngantos dumugi 12 punika môngsa Sadha. Dênê gunggunganing dintên punika amratelakakên umuring môngsa wuku ingkang kapanggih wau sampun pintên dintên dumugi titimôngsa ingkang katamtokakên. Yèn pinuju taun Dal punika kêdah ngangge tanggal lugu, botên kenging ngangge tanggal ewah-ewahan saking nagari.

Pathokan punika kangge salêbêting kurup Arbangiyah ingkang tumindak sapunika, wiwit taun Jawi 1747 dumugi 1866.

Benjing yèn santun kurup Salasiyah, gunggunganing dintên kêdah kasuda 1, benjing kurup Isnènniyah kasuda 2, benjing Akadiyah kasuda 3, salajêngipun sabên santun kurup panyudanipun mindhak satunggal-satunggal. Kosokwangsulipun kala kurup Kamsiyah, gunggunganing dintên kêdah kawêwahan 1, kala Jamngiyah kawêwahan 2, kala Sabtiyah kawêwahan 3, makatên sapiturutipun.

Ing ngandhap punika pratelaning nêptu-nêptu wau.

Namaning windu kalihan taun Nêptu Katrangan Namaning wulan. Nêptu, Môngsa Dintên Môngsa Dintên, Windu Adi, Windu Kunthara, Windu Sangara, Windu Sancaya, Taun Alip, Taun Ehe, Taun Jimawal, Taun Je, Taun Dal, Taun Be, Taun Wawu, Taun Jimakir 12, 9, 6, 3, 0, 10, 9, 7, 5, 3, 1, 11 0, 0, 0, 0, 29, 33, 3, 7, 11, 16, 20, 24 Sêrat Pawuryan anggitanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, mratelakakên dintên Anggara Kasih wuku Môndhasiya, tanggal kaping 7 wulan Sura taun Alip windu Adi punika manjingipun môngsa wuku: Kasa, dados nalika tanggal sapisan Sura wau taksih môngsa Sadha, mila nêptuning windu Adi kadamêl môngsa 12., Wiwitaning taun Alip tamtu Rêbo Wage, etangipun saking Anggara Kasih 30 dintên, dados ingkang sampun kapêngkêr 29 dintên, mila nêptunipun taun Alip kadamêl dintên 29. Inggih punika ingkang katurut minôngka uwit pandamêl sarta pangragumipun nêptu-nêptu punika, kapanggihipun satunggal-tunggaling nêptu sarana katindakakên mawi etangan khronoloji (Chronologie)., Pambabaring pathokan punika ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 4 wulan Dulkangidah taun Dal 1831: Bagus Ngarphah. Sura, Sapar, Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah, Siyam, Sawal, Dulkangidah, Bêsar. 0, 0, 1, 2, 3, 4, 5, 5, 6, 7, 8, 9 0, 30, 24, 19, 13, 8, 2, 32, 26, 21, 15, 10[Grafik].

Upaminipun badhe ngupadosi môngsa wuku ing dintên Anggara Kasih wuku Kurantil tanggal kaping 10 wulan Dulkangidah taun Dal windu Sancaya. Dintên Anggara Kasih kalihan wuku Kurantil tumrapipun ngupadosi môngsa wuku botên kangge punapa-punapa, kenging lajêng kasingkirakên kemawon. Wondene ingkang pêrlu kangge garan pangupadosing môngsa wuku inggih punika: tanggal kaping 10 wulan Dulkangidah taun Dal windu Sancaya. Pangetangipun makatên:

--- 4 : 1719 ---

Môngsa Dintên

Nêptuning windu Sancaya 3 - 0

Nêptuning taun Dal 5 - 11

Nêptuning wulan Dulkangidah 8- 15

Tanggaling wulan Dulkangidah ... -10

Gunggung 16 - 36

Gunggung dados 5 - 1

Gunggunging môngsa = 16, gunggunging dintên = 36. Sarèhning 36 punika langkung saking 35, mila kasuda 35 kantun 1, inggih punika gunggunganing dintên ingkang sampun dados. Dene dintên 35 wau kainggahakên dados môngsa 1, kawêwahakên dhatêng gunggunganing môngsa 16 wau dados 17. Sarèhning 17 punika langkung saking 12 mila kabucal ingkang 12 kantun 5, inggih punika gunggunganing môngsa ingkang sampun dados. Mênggah gunggung dados (5 1) punika kêdah kawaos makatên: môngsa kalima sawêg umur sadintên.

Sapunika ingkang dipun upadosi sampun kapanggih, dintên Anggara Kasih Kurantil tanggal kaping 10 Dulkangidah Dal windu Sancaya punika mangsanipun wuku môngsa Kalima sawêg umur sadintên. Botên môngsa Kapitu.

Windu.

Pathokanipun angupadosi windu makatên: angkaning taun Jawi kawêwahan nêm, lajêng kapara 32.

Yèn tirah 1 dumugi 8 punika windu Sangara. Yèn tirah 9 dumugi 16 punika windu Sancaya. Yèn tirah 17 dumugi 24 punika windu Adi. Yèn tirah 25 dumugi cèplês punika windu Kunthara.

Upaminipun sangkalaning panggung Sônggabuwana: naga muluk tinitihan jalma,Sengkalan: naga muluk tinitihan jalma (1708 A.J., 1781 A.D.). inggih taun 1708, punika kawêwahan 6 dados 1714, lajêng kapara 32 angsal 53, tirah 18, sarèhning 18 punika kalêbêt 17 dumugi 24, dados têtela sangkalaning panggung Sônggabuwana taun 1708, punika windu Adi.

Taun.

Pathokanipun angupadosi taun makatên: angkaning taun Jawi kawêwahan 6 lajêng kapara 8.

Yèn tirah 1 punika taun Alip. Yèn tirah 2 punika taun Ehe. Yèn tirah 3 punika taun Jimawal. Yèn tirah 4 punika taun Je. Yèn tirah 5 punika taun Dal. Yèn tirah 6 punika taun Be. Yèn tirah 7 punika taun Wawu. Yèn cèplês punika taun Jimakir.

Upaminipun sangkalaning panggung Sônggabuwana: naga muluk tinitihan jalma, inggih taun 1708, punika kawêwahan 6 dados 1714, lajêng kapara 8 angsal 214, tirah 2. Sarèhning tirah 2 dados têtela sangkalaning panggung Sônggabuwana taun 1708, punika taun Ehe.

Sinêrat tanggal kaping 4 wulan Dulkangidah taun Dal 1831. Bagus Ngarphah.

Mungsuh Kw.:

arika, ripu, durangkara, satru, singgunkara, lawan, parangmuka, mityakarddha, mêngsah.

Mangsul:

zie Sel. no. 15

Mangsi banyu:

zie wulu.

Manglar munga:

zie Supa letl. c.

Mungup (Bayalali):

pasarean. Ing ngisor iki pratelane kang sumare ing astana Mungup

1. Radèn Arya Mandurarêja. 2. Radèn Tumênggung Cakradipura, (pêputra Radèn Riya Sasrakusuma, priyayi dalêm P.B.V, pêputra P.B.VI). 3. Radèn Tumênggung Santadipura.

Manguyu:

zie pandhita (11).

Mangayubagya:

' = nêmbadani ing kabêgjan.

Mênggah:

zie gend.

Manggis:

Panandure wit manggis yèn wis 15 taun lagi awoh,

--- 4 : 1720 ---

wiwit pêntil nganti tuwa lawase 7 sasi, kang durung tuwa aran blibar, iku enak-enake pinangan, rasane kang enak lêgi kang ora kêcut.

Manggis ora kêna kacangkok.

2. Wangsalan Tjent. kang luntur ing siti.

Manggalagita:

laku 15 (8-7) x 4 kancuh sastra manggala lan pranahalika.

Monggang:

a. Monggang Kyai Udanarum larase: pelog.

panitir, panêngah, panêlu ... cacah 5 angkring a isi 6 iji

kêmpyang 1 angkring a isi 6 iji. kênong 1 iji. panonthong cacah 2 iji. kêcèr 1 angkring isi 6 tangkêp. kêndhang Kyai Mèyèk sarta Kyai Mengkot 2 iji. gong Kyai Bajra sarta Kyai Gorawana cacah 2 iji.

Iku kagêm tingalan wiyosan sarta jumênêngan tuwin liya-liyane, nanging yèn Garêbêg Mulud sarta Pasa ngagêm salin gong Kyai Surak sarta Kyai Kanigara, yèn Garêbêg Bêsar ngagêm salin gong Kyai Kumitir sakêmbaran.

b. Monggang patalon laras miring.

Panitir, panêngah, panêlu ... cacah 3 angkring a isi 6 iji.

kêmpyang paron karo panitir saangkring cacah 6 iji. panonthong cacah 2 iji. kêcèr rojèh satumpuk: isi 3 iji.

--- 4 : 1721 ---

kênong cacah 1 iji. kêndhang cacah 2 iji. gong Kyai Krêsna sakêmbaran 2 iji.

Monggang patalon:

zie gamêlan Sêtu.

Mangangkang (kawruh êmpu):

Wêsi mangangkang otote katon wadhag, nanging yèn digrayang alus kaya baludru, rupane irêng rada wungu. Caritane wêsi iku loro, lanang wadon, asale saka ula naga kang ana sajroning lautan.

a. Yèn olèh wêsi mangangkang kang lanang wis dadi dandanan, utawa gêgaman, iku luwih dening bêcik, yèn ginawe pêrang mungsuhe padha wêdi giris kaya wêruh ula naga, dene kaampuhane kaya ngilangana gêtih saking ing awake, watêke ngèdhêpake atining wong sarta kadonyan, tur donyane ora kêna cinolong ing durjana, lan dadi panawaring upas, iya iku kang dadi pangeraning wêsi, yèn dithinthing unine: grung, utawa drung, dawa swarane, kang dadi pangane balunging êndhas macan lan balung banyak dibakar, banjur dibubuk, diworake ing warangan, diwur-wurake, lêngane bintaro lan dhèdhès trênggulun.

b. Yèn olèh wêsi mangangkang kang wadon, otote kaya uyah pating parêlik, rupane sêmu biru, yèn dithinthing unine: dhêng, ambrangêngêng, gunane ngawula ditrisnani marang kônca-kancane, ginawe lêlungan [lêlu...]

--- 4 : 1722 ---

[...ngan] olèh rijêki akèh, ora pati ampuh nanging gatêl, tatune banjur ngorèng ora kêna ditambani, dadi lara duduk, kang dadi pangane balung salira, balung kucing irêng mulus, lênga kusambi lan gajih pitik.

Kang duwe gêgaman arupa tumbak kêris wêsi mangangkang lanang, karêpe kang dhapur bênêr, iku mêsthi duwe tumbak kêris wêsi kênur, utawa balitung lan wêsi tumpang, iya uga kang dhapur bênêr, iku wis dadi janjine mêngkono.

Mangangkang:

en ambal. Wêsi mangangkang lanang awor lan wêsi ambal: bêcik, rupane wungu sêmu abang, sêrate alus kaya bludru, gumilar kaya kaca, yèn dithinthing unine: drung, gêtêr, yèn dadi tumbak kêris: adhapur bênêr, watêke wêsi iku arêp parentah nagara lan wong akèh, apadene arêp dadi lurahe wong dagang gêdhe, lan ditrêsnani ing ratu utawa wong gêdhe, wêkasan slamêt.

Mangangkang:

en wêlulin. Wêsi mangangkang awor lan wêsi wêlulin: bêcik, rupane biru lan kulawu, sêrate kaya wêsi malela, yèn dithinthing unine: dhêng, gung, ambrangêngêng, yèn dadi gêgaman dhapur bênêr, karêpe dadi prajurit, yèn dhapur luk dadi sudagar.

Mangangkang lanang:

en tumpang. Wêsi mangangkang lanang campur lan wêsi tumpang, rupane biru sêmu wungu, gilap kaya kaca, sêrate alus, yèn dithinthing unine: drung, jung, landhung swarane, sapa kang nganggo gêlis katêkan karêpe, lan bisa dadi kamituwaning ngakèh, sarta disihi ing ratu, karêpe dhapur bênêr, ginawe laku dagang gêlis olèh bathi, nanging

--- 4 : 1723 ---

yèn dhapur luk kêrêp kelangan.

Mangangkang lanang:

en walulin. Wêsi mangangkang lanang campur lan wêsi walulin, rupane irêng mrusuh sêmu biru lan angglugut, pating krênyêp, yèn dithinthing unine: drung, ngung, ambrangêngêng, watêke bêcik, kang nganggo gêlis dadi priyayi, karêpe dhapur bênêr, yèn luk dadi boros.

Mangangkang lanang wadon:

en malik. a. Wêsi mangangkang lanang awor lan wêsi malik, iku dadi wêsi ala, rupane irêng sêmu wungu amêrkutuk pating krênyêp, yèn dithinthing unine: trong, dhung, watêke panasbaranan, pêtêngan atèn, dadi lurahe wong ala, akèh wong wêdi, nanging mung sadhela, kêrêp olèh donya, nanging gêlis êntèk.

b. Wêsi mangangkang wadon awor lan wêsi malik, iku iya dadi wêsi ala, rupane biru amêrkutuk pating prêlik, yèn didêlok suwe-suwe pucêt, yèn dithinthing unine: thong, dhêng, yèn dhapure luk kêna ginawe nyambut gawe candhak kulak utawa dol tinuku, nanging kêrêp padu, dadi kêrêngan bithèn utawa tabokan, yèn dhapure bênêr, gêringan tan ana waras- warase, lan boros tarobos dèn ngati-ati.

Manggar:

zie wit (krambil).