Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Ga:

Ga, aksara gorokan zie ha. Ga, aksara antasastra zie ha. Ga, kanggo ôngka siji. Ga, mahaprana kanggo ing tataprunggu zie na murda, kaya ta: Kangjêng Gusti.

Pasangan ga dumunung sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: [...]Huruf Jawa: nga diikuti ga di bawahnya. (kanggo ing basa Kawi)

Pasangan ga mahaprana kanggo ing tataprunggu kaya ta: Tuwan Gurnadur Jendral

Ga:

Tj.B. bawera

Gê:

niet

Gi:

Tj.B. gêlis.

Gu:

Tj.B. panggah.

Ge:

niet.

Go:

niet.

Gah:

1. Tj.B. sapi, 2. Kw. upama.

Gêh:

niet.

Gih:

niet.

Guh:

niet.

Gèh:

Tj.B. mênêng.

Goh:

niet.

Gana:

brahmana rêsi ... zie P.N.no. 6.

Gêni Kw.:

anala, api, apuy, apyuy, agni, nalatya, dahana, latu, pawaka, puya, puyi, puyika, mêrcu, mrêtyu, guna, bahni, brahma, brama.

--- 4 : 1725 ---

Gunna:

zie gêni.

Ginonjing:

zie gêndhing.

Gênès:

zie gêndhing.

Gunawijaya:

zie bathikan.

Ginuk:

zie Sêmar.

Gandar:

zie srandu warôngka ladrang en gayaman.

Gêndèr:

' = gambang salukat. Anane gêndèr kang yasa Panji Inokartapati, nalika taun 1131 zie Kartapati.

Gêndari:

zie gend.

Gêndera:

Ing ngisor iki warna sarta araning gêndera ing Surakarta kaya ta: Irêng ciri kêthèk putih nyêkêl panging kayu waringin, gênderane abdi dalêm wadana sèwu.

Irêng ciri buta cêngkah karo kêthèk putih, gênderane abdi dalêm wadana gladhag.

Irêng ciri wadung pêthèl sarta tatah, gênderane abdi dalêm wadana kalang.

Alas kobong (têngah abang pinggir irêng), tanpa ciri, gênderane abdi dalêm wadana kaparak.

Kêmbang têlêng (têngah biru pinggir putih), tanpa ciri, gênderane abdi dalêm wadana bumi.

Tiga warna (abang putih lan biru), gêndera ing kapatihan.

Pare anom (ijo lan kuning) ciri cakra, gênderane abdi dalêm prajurit jêro.

Gêni roga (têngah irêng pinggir abang) tanpa ciri,

--- 4 : 1726 ---

...

--- 4 : 1727 ---

gênderane abdi dalêm wadana gêdhong.

Gula klapa (abang lan putih) ciri cakra, gênderane abdi dalêm prajurit jêro.

Bangun tulak (têngah putih pinggir irêng) tanpa ciri, gênderane abdi dalêm wadana gêdhe lan Panumping. J.Z.II. 288-3.

Ing mêngko ananing gêndera kang kanggo pasamuwan Garêbêg kaping têlu sataun, têdhak loji kaping pindho sataun, lan pasamuwan liya-liyane kabèh nganggo gêndera tiga warna. Tumuli ana dhawuhing timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX katitimasan ping 21 Sawal Ehe 1828, andhawuhake: yèn sampeyan dalêm miyos adu-adu lan ngrampog macan, gênderane para abdi dalêm, katamtokake kaya ing ngisor iki:

Kapatihan, abang, putih, biru, ingaran: tigawarna.

Kaparak kiwa, têngah irêng, pinggir abang, ingaran: alas kobong.

Kaparak têngên, têngah abang, pinggir irêng, ingaran: gêni roga.

Gêdhong kiwa, têngah ijo, pinggir biru, ingaran: rondhon kasihan.

Gêdhong têngên, têngah biru, pinggir ijo, ingaran: sêndhang kayoman.

Bumi, têngah putih, pinggir biru, ingaran: kêmbang têlêng.

Sèwu, têngah biru, pinggir putih, ingaran: sêgara tinêpi.

Panumping, têngah putih, pinggir irêng, ingaran: bangun tulak.

Gêdhe, têngah irêng, pinggir putih, ingaran: cèlèng kêwêngèn.

Pangrêmbe, têngah putih, pinggir ijo, ingaran: gadhung mlathi.

Kalang, irêng byur, nganggo ciri tatah, wadung, pêthèl.

Ngarêp irêng byur nganggo ciri buta cêngkah karo kêthèk putih.

Kadipatèn, têngah kuning, pinggir ijo, ingaran: pare anom.

Jaksa, têngah ijo, pinggir putih, ingaran: pandhan binêthot.

Pulisi têngah ijo, pinggir abang, ingaran: klabang ngantup.

Pamajêgan, têngah abang, pinggir ijo, ingaran: papasan matêng.

Gêndrèh:

zie gend.

Gêndrèh:

zie Krêsna.

Gêndrèh:

kêmasan zie gend.

Gêndruk:

zie Durga, bathari ...

Gêndruk:

zie gend.

Gondrèk ngilo:

Ciri mêngkono jaran wadon ana wayangane ing mata, watêke ala.

2. Jaran lanang unyêng-unyêngan ana sadhuwuring mata kang kiwa, watake iya ala.

Gêndaradesa:

patih arya ... P.N. no. 16.

2. Kang jumênêng ratu ing Gêndaradesa, a. Prabu Mandara (Parikênan) sinangkalan: rasa karasa ebah (666).

b. Prabu Gandarya (Kisthawa) sinangkalan: rasaning janma pêpitu (716).

c. Prabu Anantara, pralaya dening Pandhu, kadang lanang wadon (Sangkuni, Gêndara) binoyong marang Ngastina, sinangkalan: warna karoning pandhita (724).

Gêndruwo:

Pêngantèn nganggo tontonan gêndruwon, miturut agama Kala. P.R. II. 32-10.

Gôndarasa:

Nyai tumênggung ... zie K.G. no. 75.

Gêndèr panêrus:

zie gamêlan (ricikan) letl. d. En zie gamêlan (laras) letl. d.

Gêndèr gêdhe:

zie gamêlan (ricikan) letl. c. En zie gamêlan (laras) letl. c.

Gêndrong:

zie gend.

Gêndrong:

pangasih zie gend.

Gandrung manis:

zie gend.

Gandrung mangu:

zie gend.

Gandrung mangunkung:

zie gend.

Gônda kasilir (katuranggan):

têgêse mêdèni jaran sarana camêthi zie tali camêthi.

Gôndakusuma:

1. zie gend. 2. Têmbang gêdhe laku 24, pêdhotan 6.6.6.6 x 2 = 48 x 2 = 96, kancuh wohing rat.

Voorb // bumi gonjang-ganjing / langit kêlap-kêlap / katon lir kincangi- / ra sang mawèh gandrung / sabarang kadulu / wukir moyak-mayik / saking tyas baliwur / lumaris agandrung //

dhuh ari Sumitra / tênaya paran rèh / kabèh sining wana / nangsaya maringsun / tan wrin kasatriyan / tan umiyat ing rat / kombul atmaningwang / pijêr gandrung-gandrung //

Gandês:

zie Siti Sundari.

Gôndasuli:

zie bathikan.

--- 4 : 1728 ---

Gôndapangrawit:

panatah wayang purwa. zie Mangkunagara Kroon Prins II en zie panatah.

Guntur:

zie gend.

Guntur:

zie Gathutkaca.

Gunturmadu:

kêndhang kyai ... zie gamêlan karaton letl.b.

Gunturmadu (gamêlan):

Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV karsa yasa gamêlan salendro kaparingan aran: Kyai Gunturmadu, kanggo tabuhane kalangênan dalêm Badhaya Srimpi: yèn nuju dina pasamuwan.

Gunturmadu:

zie gamêlan.

Gunturgêni (mariyêm):

iku pisungsunge Tuwan Jendral Jan Pitrês Sun Kun, marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung ing Mataram, nalika taun surya 1628 utawa taun côndra 1566. Têgêse Gunturgêni = balêdhèg gêni zie Subrastha.

Gantal:

pangantèn nganggo balangan gantal, miturut agama Wisnu zie Jêmbawan letl.a.

Gantal wêdhar:

zie gend.

Gêntang:

adipati ... zie P.N.no.1.

Gantangsari:

radèn ... zie K.S.no.23.

Ganusèn:

Img. no. 42.

Gandhu:

zie tawon.

Gêndhu:

zie gend.

Gundha:

wangsalan Tjent. patrapaning ngaluput = dhêndha.

Gandhèn:

zie lantak, upacara letl.f.

Gandhik:

1. zie srandu kêris, 2. zie pipisan.

Gandhik:

zie srandu kêbo sapi.

Gandhik:

zie srandu katuranggan.

Gandhèk (kinang):

1. zie abdi dalêm wadon no. 10, 2. Abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri, yèn kautus anggandhèk, ora nganggo wêdhung, bupati ora nganggo samir, kaliwon kang sumundhul ing wuri, nganggo samir, 3. zie upacara letl. f. ardawalika enz., 4. Paseban patunggukane ing Sitinggil, yèn bêngi nganglang kandhang macan nganggo obor sarta mriksani yèn ana titir sarta omah kobong sajroning nagara, lan ngampil upacara ngarêp lan ngêmban dhawuh timbalan dalêm marang sapa-sapa.

Gêndhok:

zie srandu kêbo sapi.

Gandhewa:

1. zie upacara letl.f. 2. Kw. nusara, capa, danu, laras, langkap, puksana, buntala, busur.

Gundhala titir:

lêpasi ...

Gêndheyo:

zie wit (kuwèni pakèl).

Gêndhayakan Kw.:

ta (of sa) ndhuyuwan.

Gandhiyêng:

zie gend.

Gêndhaga:

zie upacara letl.f.

Gêndhagan:

zie bathikan.

--- 4 : 1729 ---

Gandhèng:

ing ngisor iki gandhènging têmbung sawatara, kaya ta: anak putu, anak bojo, anak bojo (zie garwa putra), èndhèk dhuwur, êndhèk dhuwur (= dhèkwur), enthong irus, adas pulasari = adas pulawaras, asu cêcèlèng, esuk sore, hawa napsu, ala bêcik, adhêm panas, uyah asêm, uyah trasi, agal alus, eblis lanat = laknat, abang irêng, abang putih, abang biru (ngabang bironi j.z.i. 150-10.v.o.), nabi wali, cukêng rêngkêng, cambah kêmangi, cabe cêngkèh, cabe lêmpuyang, cabuk rambak kupat, canggah warèng, rina wêngi, ratu patih, rajabrana, rama ibu, rôngga dêmang, kunir ênjêt, kunir asêm, kinang rokok, kênthang kimpul, krama ngoko, kaki nini, kakang adhi, kidang mênjangan, kêtan kolak, kêtan kumbu, kêtan srikaya, katiga rêndhêng, kasur guling, kiwa têngên, kalah mênang, klasa bantal, kluwak kêmiri, kupat monjit, kupat balendrang, kêmbang borèh, kêbo sapi, kobis boncis, kêthuk kênong gong, doh cêdhak, dina pasaran, dandang kèncèng, dringo bêngle, duka cipta, dol tinuku, dom bolah, tai uyuh, turuk pêli, tukar padu, tuwa anom, tulah sarik, tape êmpog, tapih kêmbên, tumbar trawas, tumbar jintên, tumbak kêris, tumbak bêdhil, sênèn kêmis, sendhok porok, sandhang pangan, sêndhang pancuran, sunthi kêncur, sudra papa, sêtya tuhu, silih asih, slèdri kapri, salam laos, sapit abon, sêmar petruk nalagarèng, sêmar bagor, sêga urup, sêga iwak, sêga uyah, sêga sambêl, sêga panganan, sêga jangan, soga tingi, sugih mêskin, wi gêmbili, wadana kliwon, wedang panganan, wetan kulon, wiwitan lan wêkasan, wêlas asih, lanang wadon, lônda cina, lintang rêmbulan, lor kidul, lurah bêkêl jajar, laki rabi, ladha pindhang, lumah kurêb, lombok terong, lêgi asin, lêgi gurih

--- 4 : 1730 ---

pèn mangsèn, panas pêrih, panèwu mantri, pondhong pikul, panjang piring, pucuk unêm, purwa duksina, purwa madya wusana, pête jengkol, putra wayah, putra putri, pasa mulud, pêlêm kuwèni, podhi sari, pêdhês asin, padhang hawa, padhang pêtêng, dharatan lautan, jae sunthi, jaka prawan, jaksa pangulu, jadangjadah. jênang wajik, jambu jêruk, jambe suruh, jaba jêro, jungkat suri, mandhêg tumolih, mrica pala, mêrêm mêlik, murmak daging van murmak en daging, mati urip, mas intên, mas picis rajabrana, malam lancêng, mangan turu, mangan nginum, gôndamaru, gantung siwur, gêndhon rukon, gendhong mikul, garwa putra zie anak bojo, gropak senthe, gotong royong, gula asêm, gula tèh, gula bubuk, gêdhe cilik, gêdhèn tomprang, gêdhang ayu suruh ayu, godhong kayu, gêmpol plèrèd, gambir jambe, gambir bako, gabug aos, bêras pari, brambang lêmpuyang, brambang bawang, budi hawa, bata watu, botor kadhawung, bapa biyung, bumi langit, bêgja cilaka, bèbèk pitik, bêbêd ikêt, bathik lurik, bongko pelas, ngisor dhuwur, nguyuh ngising zie tai uyuh.

--- 4 : 1731 ---

Gêndhing:

Ing ngisor iki araning gêndhing salendro pelog, pathêt 5, 6, 9, barang sarta manyura, apadene araning ladrangane pisan, winor dadi siji, sastrane Walônda karingkês kaya ta:

ar. verk. v. arang

bar. verk. v. barang.

bon. verk. v. bonang.

gênd. verk. v. gênding (gêndèr niet verk.).

kên. verk. v. kênong.

kêr. verk. v. kêrêp.

kêt. verk. v. kêtuk.

ladr. verk. v. ladrangan.

lim. verk. v. limo.

many. verk. v. manyura.

pat. verk. v. patêt

pél. verk. v. pélog.

reb. verk. v. rebab

slend. verk. v. slendro.

sng. verk. v. songo.

Onang-onang gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Endhol-endhol gend. bon. pat. bar. pel. 2. ker. ken. 3. / Andhong-andhong gend. reb. pat nem. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Arum-arum zie Budhêng-budhêng. /

--- 4 : 1732 ---

Erang-erang 1. gend. slend. pat. nem. ket. 2 ker. ken. 3. / Erang-erang 2. ladr. slend. pat. nem. / Erang-erang 3. ladr. pel. pat. nem. / Erang-erang 4. gend. gendèr. / Erang-erang (topèng) 5. gend. slend. pat. nem. / Erang-erang (dhagêlan) 6. gend. pel. pat. nem. / Okrak-okrak gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Udanasih gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Udansore gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Udanmas gend. slend. pat. nem. / Èsèg-èsèg zie gendhong. / Êla-êla gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Êla-êla (Kaligêbêr) gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Uluk-uluk. ladr. slend. pat. sng. / Alas Kobong. ladr. slend. pat. nem. / Alas Padhang. slend. pat. many. / Eling-eling. ladr. slend. pat. nem. / Ayun -ayun. gend. pel. pat. many. / Agun-agun zie Mandul Pathi. / Agul-agul gend. bon. pat. lim. pel. ket. 8. ker. ken. 3. / Abusinta gend. gendèr. pat. nem. / Angun-angun gend. slend. pat. many. / Cina Nagih gend. pel. pat. bar. / Côndra gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Côndra Upa. gend. slend. pat. sng. /

--- 4 : 1733 ---

Côndranata gend. pel. pat. lim. / Côndrasari gend. bon. pat. lim. ket. 2. ker. ken. 3. munggah ladrang Badranaya. / Cucurbawuk. gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. munggah Pareanom. / Cacadingrat gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken 3. / Caranggantung. gend. slend. pat. many. / Calunthang. ladr. slend. pat.sng. / Capang. gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Cangkêt. gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Rahabbala ? (Wrahatbala) gend. slend. pat. many. / Rena-rena gend. gendèr. pat. nem. / Rèndèh. gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Rèndèh zie gondrong pangasih. / Rèndèng ladr. pel. pat. many. / Runtik gend. slend. pat. many. / Rondhon gend. slend. pat. sng. ket. 4. ar. ken. 3. / Rôndhanunut gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Rondhonsari gend. slend. pat. many. / Rindhik gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Randhukentir gend. pel. pat. many. / Randhat gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / E Ladrang Randhat zie Mêrak Kasimpir. / Rôndhamaya zie Mongkok Dhelik. / Rênyêp. gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. / Ranumênggala gend. slend. pat. nem. / Ricik-ricik gend. gendèr. pat. many. /

--- 4 : 1734 ---

Rujak Sêntul gend. pel. pat. many. / Ramyang gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Rambu (gêndhing) gend. reb. pat. nem. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Rêmbun gend. slend. pat. many. / Rêmêng ladr. slend. pat. many. / Rimong gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. ken.no.2. ket. 2. / Rêbêng gend. reb. pat. nem. pel. ket.4. ar. ken. 3. / Rangu gend. reb. pat. nem. pel. ket. 2. ar. ken. 3. / Rangsang ladr. slend. pat. nem. / Kinanthi zie Ludira Madu. / Kêncrong gend. gendèr. pat. sng. / Kêncêng gend. gendèr. pat. sng. (E kanggo murwakala ngruwat) wiwitan). / Koncang ladr. slend. pat. sng. / Kêncèng Barong gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Kunta gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Kôndha, ladrang ... ladr. slend. pat. nem. / Kôndha Manyura, ladrang ... / Kanyut gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Kocak gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Krawitan gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 1. munggah ladrangan. / Kaki-kaki Tunggu Jagung ladr. / Kadukmanis gend. slend. pat. nem. ket. 2. ar. ken. 3. / Kadukmanis gend. reb. pat. nem. pel. 2. ar. ken. 3. / Kawit gend. gendèr. pat. many. / Kuwung gend. bon. pat. bar. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Kuwung ladr. pel. pat. bar. /

--- 4 : 1735 ---

Kalunta gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Klênthung gend. slend. pat. sng. ket. 2 ker. ken. 3. munggah lonthang kasmaran. / Klênthung gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ar. ken.3. / Klênthung gend. gendèr. sng. / Klèwèr gend. bon. pat. bar. pel. ket. 2 ker. ken. 3 munggah playon / Klumpuk gend. Carabalèn. / Kopyah Ilang ladr. pel. pat. nem. / Kapang-kapang ladr. pel. pat. nem. / Kodhokan gend. bon. pat. lim. pel. / Kadhaton Bêntar gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Kêmbang Dara gend. pel. pat. many. / Kêmbang Tanjung ladr. slend. pat. sng. / Kêmbang Teja, ladrang ... / Kêmbang Teja gend. pel. pat. lim. / Kêmbang Tiba gend. slend. pat. nem. ket. 4 ker. ken. 3. / Kêmbang Pepe, ladrang ... / Kêmbang Mara gend. bon. pat. lim. pel. ket. 2. ker. ken.3. / Kombang Mara gend. bon. pat. lim. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Kêmbang Gayam gend. slend. pat. many. ket. 2 ker. ken. 3. / Kagok ladr. pel. pat. nem. / Kagok Madura gend. gendèr. pat. sng. / Kagok Madura ladr. slend. pat. sng. / Kabor gend. gendèr. pat. nem. / Kabor gend. reb. pat. nem. pel. ket. 4. ker. ken. 1. / Kabor gendèr. gend. slend. pat. nem. /

--- 4 : 1736 ---

Danaraja gend. slend. pat. sng. ket. 4. ar. ken. 3. munggah bontit. / Doradasih gend. slend. pat. sng. ket. 2 ker. ken. 3. munggah gêndrèh kêmasan. / Doradasih gend. pel. pat. lim. / Doradasih gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ker. ken. 1. / Diradamêta gend. slend. pat. nem. / Dalêsih gend. slend. pat. nem. ket. 2 ar. ken. 3 / Damar Kèli gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Tunjung Karoban gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 4. / Tunjung Gunung (Bancak) gend. pel. pat. many. / Turirawa gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Turirawa ladr. pel. pat. nem. / Tropongan gend. pel. pat. nem. / Tropong Bang gend. pel. pat. nem. / Tukarmaru gend. gendèr. pat. sng. / Tukung gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Titisari gend. slend. pat. nem. ket. 4 ker. ken. 3. / Titipati gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Talakbodin, ladrang ... / Talutur gend. bon. pat. lim. pel. ket. 2 ker. ken. 1. munggah playon. / Talutur gend. slend. / Talutur gend. pel. / Taliwôngsa gend. bon. pat. lim. ket. 4. ar. ken. 3. / Tejaningsih gend. pel. pat. lim. / Tejanata gend. bon. pat. lim. ket. 2. ar. ken. ? / Tejasari gend. bon. pat. lim. ket. 2. ker. ken. ? / Têmantèn Anyar gend. gendèr. pat. sng. /

--- 4 : 1737 ---

Têmbung ladr. pel. pat. lim. / Tamènggita gend. reb. pat. nem. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Tunggul Kawung gend. pel. pat. bar. / Sinom gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Sinta gend. gendèr. (kanggo prang tandhing Bima lan Suyudana). / Srikaton ladr. slend. pat. many. / Saratruna zie bondhan kinanthi. / Sarilaya zie sêmanggita. / Sarilaya ladr. pel. pat. lim. / Suralaya ladr. pel. pat. nem. / Srêpêgan gend. gendèr. pat. nem. / Sarayuda, ladrang ... lad. pel. pat. bar. / Sarayuda, gend. reb. pat. nem. pel. / SêrangSerang. ladr. pel. pat. bar. / Siring gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken.3. / Surèngrana gend. slend. pat. many. / Surung Dhayung ladr. slend. pat. sng. / Sukarsih, ladrang ... lad. slend. pat. sng. / Sêkargadhung ladr. slend. pat. nem. / Sidawaras gend. slend. pat. many. / Sidawayah gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Sidamukti gend. slend. pat. nem. / Sawunggaling gend. gendèr. pat. sng. / Sawunggaling gend. bon. pat. lim. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Sawunggaling gend. gendèr. ladr. pat. sng. slend. / Silir Bantên gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken. 3. /

--- 4 : 1738 ---

Slebrak gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Sèdhêt gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. munggah Lambangsari. / Sumar gend. gendèr. pat. sng. / Sêmèru gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Sumirat gend. gendèr. pat. many. / Sêmar Mantu ladr. pel. pat. nem. / Sêmiring gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Sêmukirang gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Sumêdhang gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 1. / Sêmbur Adas gend. bon. pat. bar. ket. 4. ker. ken. 3. munggah ladrang Longgor Lasêm. / Sêmbawa ladr. pel. pat. lim. / Sambul (talèdhèk) g. reb. pat. nem. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Sambul (laras) g. pel. pat. nem. / Sambul (gêndhing) g. reb. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Sêmbunggilang g. slend. pat. sng. / Sêmang ladr. reb. pat. nem. pel. ket. 8. ker. ken. 3. / Sêmang ladr. pel. pat. nem. / Sêmanggita gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ar. ken. 3. munggah ladrang Sarilaya. / Sêgaran (kêtawang) gend. pel. pat. nem. / Sobrang ladr. slend. pat. nem. / Sobrang Barang ladr. pel. pat. bar. / Sêngkawa gend. reb. pat. nem. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Singa-singa ladr. pel. pat. lim. / Singa-singa ladr. pel. pat. bar. / Sangupati gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. /

--- 4 : 1739 ---

Wani-wani gend. slend. pat. many. ket. / Wrahatbala zie Rahabbala. / Widasari gend. slend. pat. many. / Wêlas Nangis gend. pel. pat. lim. / Wêdhi Kèngsêr gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Wôngsaguna gend. slend. pat. sng. ket. 2. ar. ken. 3. / Lana, (gêndhing) gend. slend. pat. nem. / Lênthi gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Lonthang gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Lonthang gend. reb. pat. nem. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Lonthang Kasmaran gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. / Lonthang Kasmaran zie Klênthung. / Laranjala gend. bon. pat. lim. pel. ket. 2. ar. ken. 3. / Laranangis gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. munggah ladrangan. / Laranangis ladr. slend. pat. sng. / Larawudhu gend. slend. pat. sng. / Lara-lara gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Lokanônta gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Ludira (gêndhing) gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Ludira (Madura) gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken. 3. munggah Kinanthi. / Ladrangan zie lagu dhêmpêl. / Ladrang Sêrang gend. pel. pat. bar. / Liwung gend. gendèr. pat. many. / Lêlana gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Lalêr Mêngêng gend. slend. pat. sng. ket. 2. ar. ken. 3. / Lipur Erang-erang gend. pel. pat. nem. /

--- 4 : 1740 ---

Lipursari, ladrang ... / Loyo gend. slend. pat. many. / Layu- layu gend. reb. pat. nem. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Loyo-loyo gend. gendèr. pat. sng. / Layar Tukung gend. pel. pat. bar. / Layar Bantên gend. pel. pat. lim. / Lêmpang, ladrang ... gend. slend. pat. sng. / Lêmpung Gunung gend. bon. pat. bar. pel. ket. 2. ar. ken. 3 munggah Gandrungmanis. / Lambangsari gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Lambangsari zie Sèdhêt. / Lagu gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Lagu Dhêmpêl gend. gendèr. pat. many. / Lagu Dhêmpêl gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 1. munggah ladrangan. / Lobaningrat gend. slend. pat. nem. / Lobong gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. munggah Pareanom. / Lungkèh gend. slend. pat. nem. ket. 4. ar. ken. 3. munggah Rôndhamaya. / Lèngkèr ladr. pel. pat. nem. / Longgor ladr. pel. pat. bar. / Longgor (lasêm). ladr. pel. pat. bar. / Longgor (lasêm). zie Sêmbur Adas. / Lung Gadhung ladr. slend. pat. nem. / Lung Gadhung pel. zie Budhêng-budhêng. / Pacar Cina. ladr. slend. pat. nem. / Pucung gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Prihatin gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Pareanom gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. /

--- 4 : 1741 ---

Pareanom zie Lobong. / Parinom gend. slend. pat. nem. / Pracowan gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Prawan Pupur gend. pel. pat. lim. / Pramugari gend. bon. pat. bar. ket. 2. ker. ken. 3. / Pari Gêntang gend. bon. pat. bar. ket. 4. ar. ken. 3. / Pêksi Kuwung ladr. slend. pat. sng. / Pêksi Bayan gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Padaringan Kêbak gend. gendèr. pat. sng. / Pêtung Wulung gend. pel. pat. lim. / Puspasari gend. pel. pat. bar. / Puspawêdhar gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Paseban gend. reb. pat. nem. pel. ket. 8. ker. ken. 3. / Pasang gend. pel. pat. lim. / Pasang Wetan gend. gendèr. pat. nem. / Pasang Wetan. gend. pel. pat. nem. / Pasang Bandar ladr. pel. pat. nem. / Plupuh ladr. slend. pat. nem. / Playon ladr. pel. pat. bar. / Playon zie talutur. / Playon Lima ladr. pel. pat. lim. / Pangrawit gend. bon. pat. lim. pel. ket. 8. ker. ken. 3. / Pangasih gend. pel. pat. nem. / Pangawe gend. reb. pat. nem. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Dêndha gend. gendèr, iku wêtune setanan yèn anggêgodha. / Dhandhun gend. slend. pat. nem. ket. 3. ker. ken. 3. /

--- 4 : 1742 ---

Dêndhasandi gend. gendèr. pat. sng. (En kanggo murwakala (= ngruwat) yèn nuju nglahèng) / Dhêndha Sèwu gend. gendèr. pat. many. / Dhêndha Gêdhe. gend. gendèr. pat. sng. / Dhandhanggula gend. slend. pat. sng. / Dhalang Karainan gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Dhudha Gathuk. gend. slend. pat. many. / Dhêngklung. ladr. pel. pat. nem. / Dhênggung gend. bon. / Dhênggung Asmara gend. bon. / Dhênggung Laras. gend. bon. / Dhênggung Bantên. gend. bon. / Jênthar gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Jaka Lêntho. gend. slend. pat. many. / Jala Lola gend. slend. pat. many. / Jati Kondhang gend. pel. pat. lim. / Jlamprang gend. slend. pat. many. / Jalaga I. gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Jalaga II. gend. bon. pat. lim. pel. ket. 8. ker. ken. 1. / Jômba gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Jangkrik Genggong gend. gendèr. iku wêtune buta parêpatan. / Jongkang gend gend. pat. sng. / Jangkung Kuning gend. pel. pat. bar. / Jongmèru Kudus gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Jongmèru Bagong gend. pel. pat. bar. (bênêre gend. slend.). / Jônggalana gend. pel. pat. lim. / Manis, ladrang ... ladr. pel. pat. bar. /

--- 4 : 1743 ---

Muncar gend. pel. pat. lim. / Moncèr.gend. gendèr. pat. many. / Mandul gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker.ken. 3. / Mandul Pathi slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. munggah ladrang agun-agun. / Montro Kêndho gend. slend. pat. nem. / Montro Madura gend. slend. pat. nem. ket. 2. ar. ken. 3. / Muntap gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Mundhuk gend. reb. pat. nem. pel ket. 8. ker. ken. 1. / Mènjêp gend. slend. pat. many. ket. 2. ar. ken. 3. / Mênyan Kobar gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. / Mênyan Seta gend. slend. pat. nem. ket. 3. ker. ken. 3. / Mênyan Sèwu gend. gendèr.pat. many. / Manyar Sèwu gend. slend. pat. many. / Mêrak Kasimpir gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 1. munggah ladrang Randhat. / Murdaningkung gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Marasônja gend. slend. pat. nem. ket. 4. ar. ken. 3. / Maraseba gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. (kên. no. 2. ket. 3). / Madu Kocak gend. slend. pat. sng. ket. 4. ar. ken. 3. / Madubrôngta gend. pel. pat. bar. / Maskumambang gend. slend. pat. nem. ket. 4. ar. ken. 3. / Mawur gend. slend. pat. sng. ket. 4. ar. ken. 3. / Malarsih gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Miling gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Mêdhang Miring gend. gendèr.pat. nêm. / Majêmuk gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ker. ken. 3. /

--- 4 : 1744 ---

Majêmuk gend. slend. pat. nem. ket. 2. ar. ken. 3. / Mayar-mayar gend. slend. pat. sng. / Mayangsari gend. pel. pat. lim. / Mayang Mêkar gend. pel. pat. lim. / Mayangga (gong) gend. reb. pat. nem. pel. / Mega Mêndhung gend. reb. pat. nem. ket. 2. ar. ken. 3. / Mangunkung ladr. pel. pat. nêm. / Mongkog gend. reb. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Mongkog Dhêlik gend. slend. pat. nem. ket. 4. ar. ken. 3. munggah Rôdhamaya. / Mênggah gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Ginonjing, ladrang ... / Gênès gend. slend. pat. sng. / Gêndari gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Gêndrèh gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Gêndrèh gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Gêndrèh Kêmasan gend. slend. pat. sng. ket. 2. ar. ken. 3. (kên. no. 1. ket. 2. ken. pungkasan ket. 3). / Gêndrèh Kêmasan zie Doradasih. / Gêndruk. gend. gêndèr, iku wêtuning Buta Raton, utawa Ratu Sabrang panthêlênganthêlêngan. yèn wis pathêt manyura. / Gondrong gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Gondrong gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Gondrong Pangasih gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ar. ken. 3. munggah ladrang Rèndèh. / Gandrung Manis gend. bon. pat. bar. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Gandrung Mangu gend. slend. pat. many. ket. 2. ar. ken. 3. / Gandrung Mangunkung. gend. reb. pat. nem. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Gôndakusuma gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. munggah ladrang Gôndasuli. / Gôndasuli zie Gôndakusuma. /

--- 4 : 1745 ---

Guntur gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Gantal Wêdhar. gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Gêndhu gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Gêndhiyêng gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Gendhong gend. slend. pat. many. ket. 2. ar. ken. ? munggah Èsèg-èsèg. / Genjong gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Gonjang gend. slend. pat. many. / Gonjang, ladrang ... / Gonjang Anom gend. slend. pat. many. / Gonjang Sèrèt g. slend. pat. many. / Gonjing miring g. gend. slend. pat. many. / Gonjang-ganjing, ladrang ... ladr. sl. pat. sng. / Genjung Goling gend. pel. pat. bar. (bênêre slend. pat. sng). / Gunungsari gend. pel. pat. bar. / Grompol gend. pel. pat. bar. / Gêdrug gend. gêndèr pat. many. / Glana ladr. pel. pat. nêm. / Glêndhèh gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Glondhong Pring gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. munggah ladrangan. / Glênthêng gend. bon. pat. lim. pel. ket. 4 ar. ken. 3 / Glewang Gonjing gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Gleyor ladr. pel. pat. nêm. / Gliyung gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Gleyong ladr. pel. pat. nêm. / Glompong gend. slend. pat. sng. ket. 3. ker. ken. 3. / Gologothang gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. /

--- 4 : 1746 ---

Glebag gend. slend. pat. many. / Glathik Mungup (gêndhing Bancak). / Gudhawa ladr. pêl pat. nêm. / Godhêg gend. slend. pat. nem. ket. 4. ar. ken. 3. / Gadhung Mlathi gend. gendèr.pat. sng. / Gajah Endra (kêtawang). / Giyak-giyak ladr. slend. pat. sng. / Goyang gend. pel. pat. lim. / Gambirsawit gend. slend. pat. sng. / Gègèrsore gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. / Gobêt gend. reb. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Ganggong gend. reb. pat. nem. pel. ket. 2. ar. ken. 3. / Ganggong gend.slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. / Bindi gend. gendèr.pat. sng. / Bendrongan gend. gêndèr pat. sng. / Bontit zie Danaraja ket. 4. ker. ken. 3. / Bondhan Kinanthi gend. reb. pat. nem. pel. ket. 4. ker. ken. 3. nganggo sêsêgan Saratruna. / Bondhèt gend. bon. pat. bar. pel. ket. 8. ker. ken. ?3. / Bondhèt gend. slend. pat. sng. ket. 2. ker. ken. 3. / Bandhil Ori gend. bon. pat. bar. ket. 2. ar. ken. 3. / Banyak Ngêlangi ladr. pel. pat. lim. / Banthèng Warèng gend. slend. pat. many. / Bêrkutut Manggung gend. slend. pat. many. ket. 2. ker. ken. 3. / Bramara gend. bon. pat. lim. pel. ket. 2. ker. ken. 3. / Badranaya ladr. pel. pat. lim. /

--- 4 : 1747 ---

Badranaya zie Côndrasari. / Bawaraga gend. slend. pat. sng. ket. 4. ker. ken. 3. / Bèlèk gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Blabak ladr. pel. pat. lim. / Balung Jagung. ladr. slend. pat. nêm. / Bolang-bolang gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Bêdhat gend. gendèr.pat. nêm. / Bêdhati gend. gendèr.pat. nêm. / Bêdhaya gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Budhêng-budhêng gend. reb. pat. nem. pel. ket. 2. ar. ken. 3. (munggah Arum-arum tiba ladrang Lung Gadhung pèl). / Bujang Tawang. gend. slend. pat. many. ket. 4. ker. ken. 3. / Bujôngga gend. slend. pat. nem. ket. 4. ker. ken. 3. / Bujôngganom gend. reb. pat. nem. pel. ket. 8. ker. ken. 3. / Bujôngga Gandrung gend. slend. pat. nêm. / Bayêmtur ladr. pel. pat. lim. / Bimakurda, ladr. / Babon Angrêm gend. slend. pat. many. / Bubaran Nyutra g. gend. gendèr.pat. sng. / Babar Layar gend. bon.pat. lim. pel. ket. 4. ker. ken. 3. / Babar Layar gend. bon. pat. bar. pel. ket. 4. ar. ken. 3. / Babat gend. slend. pat. nem. ket. 2. ker. ken. 3. / Babat Kêncêng gend. slend. pat. sng. / Bangbang Wetan gend. gendèr.pat. many. / Bango-bango Mati gend. slend. pat. sng.

--- 4 : 1748 ---

Gêndhing:

1. anggêndhing zie sor. 2. zie abdi dalêm gêndhing (tukang gawe gamêlan). 3. = kêmanak zie lokanônta. 4. gêndhing gamêlan iku luguning paugêrane mung ana warna papat, kaya ta: a. Gêndhing. b. Ladrangan. c. Mirong. d. Katawang.

Pangkating kêthuk, ana kêthuk arang, ana kêthuk kêrêp. Etunganing kêthuk sadurunge gêndhing munggah, ana kêthuk loro arang, utawa kêrêp ana kêthuk papat arang, utautawa. kêrêp, apa manèh ana kêthuk wolu.

Mungguh bedaning gêndhing karo ladrangan, utawa mirong karo kêtawang, mangkene: Gêndhing iku cengkoke sathithike loro, sarta nganggo [ngang...]

--- 4 : 1749 ---

[...go] munggah lan niba, nanging ladrangan, ngêmungake cengkok siji sarta tanpa munggah lan niba.

Mungguh nibaning gêndhing iku saka unining kêthuk, kaya ta: 1. Kawitaning gêndhing kêthuk loro, banjur munggah dadi kêthuk papat. 2. Kawitane kêthuk kêrêp gêndhing niba ladrangan. 3. Kawitane kêthuk arang gêndhing niba dadi kêthuk kêrêp.

Mirong, mungguh gêndhing mirong iku ora nganggo munggah utawa niba, kêthuke ajêg kaya ladrangan, nanging kêndhange bae malik.

Katawang, iku ora kasrambah ing pawayangan, kanggo jogède kalangênan dalêm badhaya, kang tinabuh mung kêthuk kênong, kêmanak, kêndhang gong, iku mirit gamêlan ing surendra buwana jaman kadewatan.

Anadene kang diarani gêndhing talèdhèk, ing kunane mung trêbang karo kêndhang, kang ambukani panjake, banjur salin salaga nganggo bonang têlu, rêbab, kêndhang lan gong, sarta sabên gêndhing kêthuk kêrêp, utawa ladrangan, iya ginawe gêndhing talèdhèk.

--- 4 : 1750 ---

Gendhong (padhalangan):

Ing padhalangan nêmbungake wayang gendhong, iku wayang kang padha ngore rambute têkan ing gêgêr, lananga wadona iya diarani gendhong.

Gendhong:

zie gend.

Gendhong:

zie bathikan.

Gondhang:

zie abdi dalêm Kalathèn letl.b.

Gondhang:

zie abdi dalêm Sragèn letl.c.

Gondhangkasih:

bocah lair kêmbar siji bule, sijine irêng (Kakrasana, Narayana) P.R.I.195 (5).

Gêndhing gêdhe:

Kang nganggit gêndhing gêdhe Sri Maharaja Kanwa (Bathara Wisnu) ing Purwacarita, sinangkalan: gora tri katon ing tawang (337) P.R. 37 - 2 v.o.

Genjah Ragi:

zie pari.

Genjah kênanga:

zie pari.

Gênjik:

zie babi.

Ginjêl:

zie srandu kêbo sapi.

Gênjèng:

' = anggênjèng zie sor.

Genjong:

zie gend.

Gonjang:

zie gend.

Gonjang Anom:

zie gend.

Gonjang Sèrèt:

zie gend.

Gonjing Miring:

zie gend.

Gonjang-ganjing:

zie gend.

Genjong Goling:

zie gend.

Gênthan:

zie dhatu (38).

Ganthol:

Ganthol iku wêsi gèpèng kandêl dibalêngkukake mangisor manêngên, nganggo cawang wêsi ngadêg, digarani kayadene tumbak, dawane 7 kaki, karahe nganggo gêlangan wêsi piranti slobokan rante utawa dhadhung kanggo anggèrèd yèn ginawe angganthol omah kobong. Piranti prau iya nganggo ganthol.

--- 4 : 1751 ---

Gunung:

Andong, Ôndha, Undhuk, Ara, Arjuna, Upih, Iga, Abên, Angkus, Angsamaya, Nandhi, Nagasari, Côndha, Cinthung, Conthang, Cicil, Curi (Panaraga), Curi (Pacitan), Curak, Cêrma (Pasisir), Cêrma (Simpar), Crumpung, Cèkèh, Cawik, Cawang, Cula, Cêlor, Calêrong, Caluk, Calam Agung, Cêpaka, Cêmpurung (Trênggalèk), Cêmpurung (Pasisir), Camêthi (Sakêthi), Camêthi (Pasisir), Rancakan, Ranti, Rêntêng, Runtung, Ratawu, Rujak, Rajêgwêsi, Rumbing, Rêmbat, Rêgu, Ragang, Rubuh, Rêngu, Rungrung, Kuning, Kunci, Kuncung, Kênur, Kêndhat (Simpar), Kêndhat (Panaraga), Kêndhil, Kêndhêng (Sakêthi), Kêndhêng ?, Kucir, Kucur, Kroh, Kêrêp, Karang, Karangulu, Karanggajah, Kukus, Kukusan, Kêkêp, Kêdir, Kadiloka, Kutuk, Katêguhan, Kisi, Kawat, Kala, Kili, Kalantaka, Kêlud, Klumpit, Kêpus, Kopyah, Kiping, Kayut, Kumêndhung, Kamal, Kêmpul, Kumambang, Kêmbang, Kêbut, Kabuyutan, Dandang (Dalêpih), Dandang (Pacitan), Dara, Dêrkila, Drêspati, Dadi, Duta, Dèwi, Dalêpih, Dalêm, Dêling, Diyèng (Trênggalèk), Diyèng (Lumajang), Dumung, Dangu, Tôntra, Tundha (Dalêpih), Tundha (Sakêthi), Tandhing, Tunjung, Toro, Têruh, Tropong, Tirêm, Tukung, Tataban, Tuwa (Simpar), Tuwa (Pasisir), Tawas, Têlu, Taluh, Tulus, Telamaya, Tiling, Topèng, Tiyang, Tamansari, Tumpêr, Tumpak, Tênggak, Tunggangan, Sarasêja, Surawana, Suralaya, Sarang, Soka, Sokadana, Sakêthi,

--- 4 : 1752 ---

Sadana, Siti, Setra, Susur, Sèwu, Suwak, Selaawan, Selandaka, Selakawak, Selatambak, Selapanggal, Selamanik, Salumbat, Suling, Sapikul, Sadhacin, Sêmèru, Sampora, Samapura, Sampèl Wetan, Sêmpang, Sambir, Simbar, Sèg, Saba, Sanga, Sangkal, Singat, Songsong, Sanggar, Sônggaroma, Sênggami, Song Banyak, Wênang, Wiro, Wrat, Wok, Wuku, Wati, Watu Urip, Watu Ekan, Watukpa, Wot Luyung, Watudhukun, Wawaran, Wilis, Wajak, Wayang, Wogan, Wungu, Lanang, Lancar, Lunjar, Lorong, Lok, Loka, Lêdrêg, Lètrèk, Lusi, Lawu, Lawang (Kalak), Lawang (Lamongan), Luwêng, Layang, Lima, Liman, Lumpang, Lengkong, Linggamanik, Pêncit, Puntir, Pênjalin Bang, Punjung, Punthil, Pura, Purak, Prumpung, Pragal, Pêrung, Prongkalan, Prunggu, Pringgadani, Parang Gumiwang, Pakarêman, Pada, Patra, Putri ?, Putri (Dalêpih), Putri (Sakêthi), Putat, Pusêr, Pasak, Pasung, Palon, Palawungan, Papak, Padhomasan, Padhang, Puyuh, Pyahiyang, Payung, Puguh, Pagut, Pagutan, Pêgat (Lumajang), Pêgat (Pasisir), Pugut, Pênggung, Pinggang, Dhandhang, Dhanyang, Jênu, Jênriliridhuk, Jara, Jurung, Jaruman, Jakatuwa, Jalak, Jaya, Jamak, Jêmbaran, Jubris, Manohara, Mundri, Mendhong, Monjit, Marabangun, Mêrang, Malam Agung, Malang, Mêlong, Mayadarawati, Mayat, Mayang, Magora, Moglèng,

--- 4 : 1753 ---

Mangir, Mungkur, Mangul, Manggul, Gêndhing, Groyok, Girang, Gita, Gowah, Gawar (Sakêthi), Gawar (Panaraga), Gowang, Galur, Gêlang, Gêlung, Guling, Gajah, Gajahmungkur, Gêmpung, Gombak, Gêmbês, Gambang, Gathak, Gêbyok, Bau, Bahar, Bunar, Banakaki, Bantal, Buntal, Biru, Brok, Bêruk, Bêrèk, Barat, Burat, Bêras, Braja, Brayut, Borang, Bakung, Busur, Bèsèr, Bawur, Bawak, Bawang, Bale, Bêlah, Bale Latu, Balega, Bale Batu, Bodho, Bayangan, Buyung, Bagor, Bugêl, Bugangin, Bêbêkan, Babal, Bathukan, Bathok, Buthak, Bang (Dalêpih), Bang (Pasisir), Bangun, Bangir, Bungkir, Bêngkak, Bungkak, Bongkot, Bungas, Bung Lêgi, Ngimagiri, zie Tjent. gunung, guwa.

--- 4 : 1754 ---

Gunung Kw.:

Araning gunung kang muni ing layang D.N.K. 13 - 1 v.o.A. sarta Spraakkuns 41 kaya ing ngisor iki: Idra, Endra Spr. yèn katon saka ing kadohan, Ancala Spr. ênggone wong mêrtapa, Acala, Ardi, Arga, Asalingga Spr. pucuking gunung, Aldaka Spr. imbang-imbangan padha gunung, Himawan, Himawat, Dri, Sarswa, Wanawasa Spr. ênggon ambêburu, Wukir Spr. cinangkraman, Paraswa, Parwaka schrift, Parwaka Spr. yèn lininggihan ing luhur, Prawata, Parbata, Maha Himawan.

--- 4 : 1755 ---

Mèru, Gunung Spr. yèn katon jurang-jurange.

Giri Spr. yèn kalinggihan sukuning gunung, Girindra, Giriwara, Gêgêr, Basulingga.

Gunung Kêlut:

Kaping 21 Mèi 1919 wanci têngah dalu anjêblos, damêl karisakan sarta pêpêjah kathah sangêt, ingkang katênggêl ing kitha Blitar sabawahipun, prasasat tumpês, ing Surakarta dintênipun Salasa antawis jam 1/2 1 siang, jawah awu nanging namung kêpyur-kêpyur kemawon.

Gunungan:

zie kayon.

Gunungan:

zie jungkat giligan

Gunung Anyar:

bahni awor kukus.

Gunung Arjuna:

lodra ing bumi.

Gunung Hala Hulu:

tulup kumukus.

Gunung Èngêl:

mônca trusing lêmah.

Gunung Kêndhêng:

kunir awuk tanpa jalu.

Gunung Kidul:

gunaning wong.

Gunung Kêlir (Kuthagêdhe):

pasarean ... Kangjêng Ratu Malang garwane Kangjêng Susuhunan Mang. R. (Têgalarum).

Gunungsari:

1. panakawane: ludrug = regol. 2. zie gend. 3. (Jabung) pasarean ... R.A. Cakranagara. 4. zie bathikan.

Gunung Sumbing:

sirnaning wong.

Gunung Wilis:

karoya sêmpal.

Gunung Lawu:

catur muka.

Gunung Pandhan:

lodra ing bumi.

Gunung Pêndhêm:

sarira waca dwèku.

Gunung Prawata:

kaya gapura rinupa.

Gunung Mahmèru:

wêlut anglèng ing bumi.

Gunung Mrapi:

bramana lêbu gêni.

Gunung Murya:

bahni pawaka.

Gunung Bancak:

kurungan isi pêksi.

Gunung Brama:

haladdi.

Gunungjati:

sunan ... zie wali no. 4 - 10.

Gar:

Tj.B. mêmuruk.

Gêr:

niet.

Gir:

Tj.B. wêlak.

Gur:

Tj.B. suka.

Gèr:

Tj.B. kêsusu.

Gor:

niet.

Gra:

1. Tj.B. mundhak, 2. Kw. sêru, pucuk, pangarêp, dhuwur.

Giri:

1. zie gunung. 2. zie Radèn Ayu Giri Img. no. 95. 3. zie Susuhunan Giri = Ratu Tunggul, yasa gamêlan sakatèn, gamêlan pelog sarta wayang gêdhog, zie sakatèn, salendro en kidang kêncana. 4. Pasarean ing Giri, a. Sunan Giri I (Sètmata), b. Sunan Giri II (Gajah), c. Sunan Giri III dalêm, d. Nyai Agêng Sawoputra a.

Guru:

asma utawa jêjuluke Bathara

Utipati, Iswara, Nilakantha, Caturbuja, Rudra, Rudramurti, Têngguru (dadi araning gunung), Sidajati, Siwah, Sangkara, Prawatapati, Paramartasiwa, Pramèsthi, Pasupati, Jagadnata, Mêrcukundha, Marmata, Girinata

Asma utawa jêjuluke Bathara Guru kang kanggo ing padhalangan kaya ing ngisor iki:

--- 4 : 1756 ---

Antakapati, Antapati, Hari, Harinda, Hêsa, Hisu, Iswara, Narasiwanasa, Niskala, Nilakantha, Caturbuja A. 7. 10, Rudra, Rudramurti, Tugaljati,Tunggaljati. Sarômba, Suksmanasa, Suksmakawêkas, Suksmawisesa, Sida (of Siddha) jati, Siwah, Siwah Buja, Siwalaya, Sangkara, Warmaka, Warmata, Wirabadra, Wisesa, Wisesaning Tunggal, Lêngin, Parwataraja, Prawatapati, Pramanawisesa, Paramartasiwa, Paramèswara, Paramasiwaya, Paramasiddhi, Paramawisesa, Pramèsthi, Pramêsthi Guru, Purbyakara, Pasupati, Pasyapati, Jagad Nata, Jagad Karana, Jagad Dewanata, Jagad Dewa Bathara, Jagad Pratingkah, Jagad Paramusesa, Nyatma, Mahadewa, Mahadewa Budha, Mahèswara, Mahamuni, Mahamulki, Mahamulya, Manikmara, Manikmaya, Mêrcukundha, Mêrtyuguna, Marmata, Masidhêm, Mulu, Mèngêt, Girinata

--- 4 : 1757 - --

Buddha, Bathareriya, Utipati, Ngisat.

Door Rms. Soewita.

--- 4 : 1758 ---

Wandane Sang Hyang Guru: arca sarta karna.

Gori:

zie wit (nôngka).

Goroh:

wong anggorohi duwèke dhewe dadi pangane Bathara Kala.

Gêrah Kapat:

gong kyai ... iku kang diunèkake sabên garêbêg, zie Kodhokngorèk letl. b.

Grènèng:

zie srandu kêris.

Gronong:

zie abdi dalêm Sragèn letl. a.

Garêndi:

radèn mas ... = Susuhunan Mangkurat Prabu Kuning, zie P.N.no.44.

Gurinda:

ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning ...

Gurnat:

zie Bratasena en Bima.

Grantang:

' = rêbab. Anane grantang winangkis babating kêbo, bathokane isih kayu irasan dikrowok nganti tipis, ing buri dibolong, iku anggite Sinuhun Sultan Prabu Adi Awijaya ing Pajang, sinangkalan: trus ngèsthi sucining nabi 1489.

Grandhèl:

' = kropyak, zie srandu kêbo sapi (sungu).

Gurnang:

araning ricikane gamêlan Kyai Pradôngga. Gurnang iku têtêngêring prang ing jaman kuna, rupane mèmpêr kaya kênong, nanging panabuhe digandhulake zie kala.

Gorok:

Ciri gorok, unyêng-unyêngan jaran pênêr gurung, watêke ala, yèn ginawe prang cinidra ing mungsuh kinêthok gulune.

Gorokan Kw.:

têngkran, luwiddha, padinan, janggarma, gurung, goluddha.

Giri Karangguwa:

sunan ... zie wali no. 34.

Giri Kidul:

sunan ... zie wali nio. 23.

Giri Kasêpuhan:

sunan ... zie wali no. 27.

Giri Kulon:

sunan ... zie wali no. 24.

Giri Dalêm Kadhaton:

sunan ... zie wali no. 13.

Grit:

araning ricikane gamêlan Kyai Mardyangga = Carabalèn.

--- 4 : 1759 ---

Grit iku têtêngêring prang ing jaman kuna, rupane kaya trêbang, nanging panabuhe cara tambur, zie kala.

Garut:

Garut iku ditandur ana ing pakêbonan ing saênggon-ênggon, ora nganggo milih papan, mung anggêre ayom, panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis patang sasi kêna didhudhuk, garut mung kêna digodhog, nanging mung garut dhewe kang luwih bêcik pinathi.

Gurita:

zie tulis.

Giri Têgalwangi:

sunan ... zie wali no. 22.

Garês:

zie srandu.

Gorês:

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngahan, swarane bêcik sarta kêna diingu bisa cumbu.

Girisa (têmbang gêdhe):

laku 16 pêdhotan 8-8 x 2 = 32 x 2 = 64 kancuh prawira lalita.

Voorb // Paduka trèhtrah. wiku raja / wijiling dewa utama / paran tan têguh ing driya / kagiwang marang wanodya / punika pan tanpa karya / tan mrih arjaning sarira / dhuh lae adhuh bêndara / èngêta cobaning Suksma //

Girisa têgêse: wêdi, kêkês, anggitane Kêthèk Anoman zie Dj.K. 1900 no. 63.

Grêsik:

zie giri.

Girisaya (têmbang têngahan):

a - u - a - u - u - a - u // 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8

--- 4 : 1760 ---

Voorb // Patra wisa ing Banarja / kang ancur panambang tatur / adhuh mati raganingwang / yèn pijêr kakênaning kung / wanara gung pindha pikun / tirta mijil ing locana / tan kawawa nahên êluh //

Gorawa:

gong kyai ... zie monggang letl. a.

--- 4 : 1761 ---

Girilaya (Kuthagêdhe):

pasarean ...

1. Panêmbahan Juminah. 2. Pangeran Mangkubumi. 3. Kangjêng Ratu Mas, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Sultan Agung. 4. Kangjêng Ratu Pambayun, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat, sumare Têgalarum. 5. Pangeran Sukawati. 6. Pangeran Martasana. 7. Radèn Tumênggung Arya Wôngsa. 8. Kyai Juru Wirapraba. 9. Sultan Cirêbon.

Giri Liman:

panêmbahan ... zie wali no. 51.

Giri Prapèn:

sunan ... zie Wali no. 30.

Garudha:

zie dhudha.

--- 4 : 1762 ---

Gêrji:

kaliwon wadana ... 1. R.Ng. Balad I, sumare desa Dhuwêt, Baki. 2. R.Ng. Balad II, sumare desa Bangsri S.H. 3. R.Ng. Mangundipura.

Graji:

zie ukiran.

Grija:

nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih lor.

Grijak (katuranggan):

Têmbung: anggrijak (= tumpangso) zie laku letl. d.

Gêrji nyonyah:

zie abdi dalêm wadon no. 36.

Gêrma:

(W.H.) têgêse: gêni, kuwajibane amèk kayu obong lan mirantèni gêni sajroning alas, kaparingan lungguh bumi desa 100 karya utawa 25 jung.

Gêrma:

ambêburu buron alas.

Gramèh:

wangsalan Tjent. lare anggalidhig.

Grompol:

zie gend.

Grago (iwak kali):

wangsalan Tjent. ambêdhandhoni manah kèwêdan

Grêgêt saut:

zie suluk letl.e. Kang nganggit suluk grêgêt saut, Susuhunan Giri I, zie tunggul.

Grogol:

zie abdi dalêm Surakarta letl. c.

Grogol:

zie abdi dalêm Sukaharja letl. c.

Grogol:

zie abdi dalêm Bayalali letl. f.

Giri Gajah Kadhaton:

sunan ... zie wali no.6.

Garba:

Iku pangringkêsing aksara têmbung ngarêp wanda ing buri, oleh sambungan ing, kaya ta: anèng, panggarbane: ana ing.

--- 4 : 1763 ---

Grabah:

Ing ngisor iki araning grabah sawatara kaya ta: êmpluk, anglo, cuwo, cèwèk, clupak, celengan, cupak, kêndhi, kêndhil, kêrên, kêkêp, kuwali, klênthing, klêmuk, dandang, damarsèwu, têmpolong, wajan, lorobonyo, layah, lèmpèr, padasan, pot, pangaron, jun, jodhog, jêmbaran, jêmbangan, jêmbangan wêdêlan, gênthong.

Grabyas:

zie srandu kêbo sapi.

Grebyag:

zie sayang.

Grobog:

Grobog iku piranti ginawe wadhah macan kang ginawa marang panggonan liya, kang ginawe kayu kang êmpuk-êmpuk, wulêd, utawa pulên, kaya ta: randhu alas, kêmiri, winong utawa dhadhap. Dawane kang jêro 7 kaki (kajaba gimbal sarta puruse), ambane 1½ kaki, dhuwure 2 kaki.

Garang, garangan:

Garangan kang dumunung ing tanah Mêsir môngsa ula tuwin anak lan êndhog baya. Garangan kang dumunung ing tanah Asiyah mangan kodhok.

--- 4 : 1764 ---

Garangan Kw.:

sapwan, walagra, gitraka, giyu

Giring:

pasarean ing ... 1. Kyai Agêng ing Giring.

Garèng:

wandane kancil sarta wrêgul.

Gurung:

zie srandu kêbo sapi.

Guru ngaji:

zie abdi dalêm wadon no.37.

Gringsing (mariyêm):

Mariyêm Kyai Gringsing iku pisungsunge Tuwan Jendral Pan Dêr Lim, ing Batawi, marang Ingkang Sinuhun Sultan Agung, ing Mataram, nalika taun 1645 utawa 1537. zie Maesakamale.

Gringsing klungsu, Gringsing wayang, Gringsing padhawala ... zie bathikan.

Gêkatèn (kawruh êmpu):

Wêsi gêkantèngêkatèn. iku wêsi ala, rupane putih wêlu kaya wêsi mêntah alus, nanging bêlang, yèn dithinthing unine: trung, cilik kêmèng, asale saka blêndok watu, pigunane mêgatake wong salakirabi ngêcrahake sanak sadulur, watêke jail muthakil, nanging yèn ginawe laku ala ora konangan, dèn ngati-ati.

Gada Kw.:

lohita, lori, dhêndha, musala, mugara, gadastra.

Gidrah:

zie durga.

Gadarena:

' = pitulung, anjaluk gadarenamu = anjaluk pitulunganmu.

Gêdrug:

zie gêndhing.

Gêdrug:

zie wit (laos).

Gudèl:

zie kêtan.

--- 4 : 1765 ---

Gadêbog (padhalangan):

Kang nganggit tancêban wayang purwa: gadêbog, Susuhunan Kalijaga, nanging mung pasebane bae, panggungane isih kayu dibolongi, zie. wayang purwa rai miring. Ukuran êndhèk dhuwure pamasanging gadêbog, paseban kang dhuwur sapundhak, ngisor sacangklakan, yèn kadhuwurên: ngrangsang, dhalang gêlis sayah, yèn kacèndhèkên: kanggo nglakoknglakokake. lan nyabêtake wayang gonggang karo palêmahane dadi kaya wayang mumbul.

Gadêbog:

zie wit (gêdhang).

Gêtih Kw.:

rah, ludira, ludhira, marus

Gatêng (iwak kali):

wangsalan Tjent. kang anjêtmikani = antêng.

Gêsi:

zie abdi dalêm Sragèn.

Gusi:

zie srandu kêbo sapi.

Gusi (padhalangan):

Wayang gusèn iku kabèh wayang kang bêdhahaning cangkême katon gusi lan siyunge karo pisan, kaya ta: Buta Raton, Dasamuka, Indrajit, Kôngsa sapêpadhane para buta lan anake ratu buta kang padha mripat kadhêlèn, apa dene Dursasana, Durmuka, Durmagati, Burisrawa, Pragota sapêpadhane zie wayang letl.e.

Wayang gusèn tanggung iku kabèh wayang kang bêdhahaning cangkême katon gusi lan untune pisan, kaya ta: Durna, Sêngkuni, Kartamarma, Carucitra sapêpadhane, mangkono manèh para jawata lan widadari padha bae, zie wayang letl. e.

--- 4 : 1766 - --

Gusi Kw.:

wodaka, latha, podaka, gos, gosya, brita, brima.

Gasèllê:

Gasèllê iku bangsaning wêdhus, dumunung ing tanah Aprikah, kêna diingu, yèn mangan anggayêmi kayadene kêbo sapi.

Gêsêng:

sunan ... zie wali no.26.

Gawe:

' = numbak kêncêng. zie abdi dalêm kadipatèn anom.

Gawe:

a. Nyambut gawe nganti wayah surup ora bubar sarta nyambut gawe dina Anggara Kasih utawa malêm Jumungah ora ilok, dadi pangane Bathara Kala.

--- 4 : 1767 ---

Êmprit. / Dalêm. / Sêmpati. / Jungut. / Candhang. / Têrik, Traya. / Sumbu, Sêmbèr. / Jangglêng. / Caruk. / Tarub. / Sigala-gala. / Menak. / Carat. / Titis, Tasik. / Sangsang, Songpati. / Mantri. / Corong. / Tuwak. / Sangupati. / Muntêl. / Cêlorong. / Têlik. / Wringin. / Mirong. / Cêlor, Cèlèng. / Tapak. / Warèng. / Mèdhèng. / Cabe, Rante. / So. / Widadari, Wawal. / Mimis, Manganti. / Ranjam. / Sirup. / Larangan. / Genjak, Gotra. / Racun, Riris. / Sruput, Saroja. / Lètèr. / Guwawar. / Rêmik. / Sraboja. / Lawe. / Genggong. / Rêngu, Karas. / Sakap. / Lawak. / Ba / Kakas. / Sit, Sula. / Lapis. / Bêntur. / Kèwèng. / Selamanglèng. / Lêbu. / Brondong. / Kêrèp. / Supit. / Pacêl, Prècèt. / Burêng. / Karag, Kolor. / Sopal. / Putri, Padhang. / Bèkèl. / Kêling. / Sèdhèng. / Dhepok. / Balelumut. / Kumukus. / Sajana. / Jawata. / Bongos. / Kingking. / Samas. / Jaya, Jatha. / zie Tjent. gunung, guwa.

--- 4 : 1768 ---

Guwa Kw.:

hawama, hithaka, ragu, rago, runggu, dwarananda, satrusta, waragu, giha, guha, gohaka, gohwa, gita, gutaka, gwendra, guwendra, gojuthaka, giyana, githa, githaka, gunggu.

Gowok (woh):

wangsalan Tjent. rong munggèng kitri.

Giwang:

(= slewah) zie srandu kêbo sapi (sungu).

Gowong:

zie abdi dalêm gowong.

Gulu:

1. Kw. kundhala A.P.II. 72-2 v.o. tênggak, tênggêk, lungkeya, lungaya, jôngga. 2. Anane laras gulu = no. 2 (saron) anggite Prabu Basurata ing Wiratha, nalika taun 407 zie Basurata. 3. zie srandu. 4. zie srandu kêbo sapi.

Galuh:

nagara ... 1. zie P.N.no. V, 2. zie abdi dalêm Galuh.

Glana:

zie gêndhing.

Galuntung:

zie pandhita (15).

Glêndhèh:

zie gêndhing.

Glêndhêng:

1. zie gêndhing, 2. iwak kali, wangsalan Tjent. rada baring = gêndhêng.

Glondhong pring:

zie gêndhing.

Galanthang:

' = anggalanthang zie sor.

Gêlar:

zie dhatu (12).

Glarap:

zie rèh letl. a.

--- 4 : 1769 ---

Gêlar prang:

Arane gêlaring prang ing basa Kawi kaya ing ngisor iki: pêthikan saka layang Bratayuda: Ardacôndra (= wulan tumanggal) 94. p. 17. / Naga mangangkang (= naga ngakak) R.W. / Cakraning swandana (= gilingan rata) 46 p. 7. / Cakra byuha (= gêlar cakra) 47 p. 16. / Kaga pati (= garudha nglayang) 35 p. 9. / Durga marungsit (= jurang sirung) R.W. / Dwirada mêta (= gajah bangun angrok) 42 p. 20. / Dumuk angun-angun (= banthèng ngamuk) 94 p. 18. / Samodra pasang (= sagara banjir) R.W. / Wukir jaladri (= sagantên ardi) 27 p. 6. / Limbungan (= lumbungan) R.W. / Padmanaba (= tunjung karoban) R.W. / Padma byuha (= gêlar kêmbang) 57 p. 1. / Prit anjala (= êmprit anêba) R.W. / Mangkara byuha (= gêlar supit urang) 47 p.16. / Gajah angrok (= gajah ngamuk). / Bajra tiksna lungit (= anggada lungit) R.W. / Byuha tarlèn (= gajah angun-angun) R.W.

Golèk:

1. Susuhunan Bonang nganggit wayang golèk, kang ginawe kayu, tangan iras, katancêbake ana ing panggungan kayu tanpa kêlir, nganggo blencong nanging ing wayah awan, gamêlane salendro, kang ginawe lakon: purwa, nganggo sangkalan, kêkayon ing têngah kapêtha kori, muni: gapurastha suci tunggal = 1489.

--- 4 : 1770 ---

2. beel Kw. upadi, tipa, surpa, surupa, suwarna, pratima. 3. wônda zie Banowati.

Gilut:

zie Bagong.

Gêlas cilik (jogèd):

Jogèd dhadhap gêlas cilik iku tanpa gêgaman, mung ulah parigêling awak bae, iku anggite Panji Inokartapati nalika taun 1125 zie Kartapati letl.b.

Gêlas gêdhe:

(id.).

Glewang gonjing:

zie gêndhing.

Gêlap:

1. Kw, kupaka, wrahaspati, guntu, graksa, blêdhèg. 2. zie gludhug en blêdhèg. 3. Mariyêm Kyai Gêlap, iku yasane Ingkang Sinuhun Sultan Agung, ing Mataram, kang gawe Walônda saka ing Jakarta nalika taun surya 1629 taun candra: 1567. zie Sêgarawana. 4. Têmbung wantah = blêdhèg. 5. (wônda) zie Gathutkaca.

Gêlap ngampar:

Ciri gêlap ngampar, jaran lair wayah awan, iku ala bangêt, kang ngingu cilaka, mlarat.

--- 4 : 1771 ---

Gladhag:

' = ngarêp, bupati ...

1. Radèn Tumênggung Jaganagara, sumare Endrakila (Bayalali). 2. Radèn Tumênggung Puspanagara I, 3. Radèn Tumênggung Puspanagara II, 4. Radèn Tumênggung Puspanagara III ... sumare dhusun Kadipatèn, sawetan pasar Dilanggu (Klathèn). 5. Radèn Mas Arya Puspanagara IV mingsêr dadi Bupati Gêdhe mingsêr manèh dadi Bupati Sèwu nama Rms. H. Suryanagara. 6. Radèn Tumênggung Sasranagara, mingsêr dadi Bupati Panumping, nama lêstari. 7. Radèn Tumênggung Jayanagara (= Radèn Ngabèi Sasradipura wadana parentah pêpatihing kapatihan) kaingsêr dadi Bupati Bumi nama lêstari. 8. Radèn Mas Arya Yudanagara mantu dalêm P.B. IX kaingsêr dadi Bupati Bumi nama lêstari. 9. Radèn Mas Arya Suryadiningrat, mantu dalêm P.B. X maune Bupati juru kunci Ngimagiri, kaingsêr manèh dadi Bupati Karaton. 10. Radèn Mas Arya Padmanagara putrane Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, putra dalêm P.B. IX mingsêr dadi Bupati Gêdhe. 11. Radèn Tumênggung Jayanagara (R.Ng. Tôndhadipura) Kaliwon Bumi, mingsêr dadi Bupati Bumi 1850-1920. 12. Radèn Mas Arya Suryanagara (R.M.Ng.Purwadipura Kaliwon kaparak têngên).

--- 4 : 1772 ---

Gladhag:

a. Klathèn. zie abdi dalêm Kalathèn letl. h.

Gladhag:

b. desa. zie abdi dalêm Galadhag desa.

Gladhag:

c. Bayalali. zie abdi dalêm Bayalali letl. h.

Gladhag:

d. kori. zie dhatu (1).

Gludhug Kw.:

kêtuk, prakopa,prakêmpa. guntur, gêrêh, guruh, gurna, gurnita, goragadha, gêtêr, gipih, zie gêlap en blêdhèg.

Glèdhèg:

Galedhegan zie dhatu (8).

Godhog:Glodhog.

zie tawon.

--- 4 : 1773 ---

Gleyor:

zie gêndhing.

Gliyung:

zie gêndhing.

Gleyong:

zie gêndhing.

Gulma:

(W.H.) têgêse: sumêbar.

Glompong:

zie gêndhing.

Gilig:

giligan. 1. zie jungkat, 2. wangsalan Tjent. kang rêmbug dadi = gilig.

Galugu:

zie wit (krambil).

Glêgês:

zie wit (têbu).

Gula gêsêng:

zie gêndera.

Gologothang:

zie gêndhing.

Glebag:

zie gêndhing.

Glathik mungup:

zie gêndhing.

Galêng:

zie srandu.

Gêlang:

Ing ngisor iki araning gêlang sawatara, bakale mas, suwasa, salaka, utawa kuningan, liyane mas, lumrahe mung ginawe giligan kaya ta:

ulan-ulan of olan-olan ... giligan nganggo intên, êndhas lan pêthite mirah utawa jumêrut.

olan-olan gèpèng, id.

olan-olan mrêjan, êmbanane mas ing têngah mrêjan sinundukan, êndhas lan pêthite nganggo mirah utawa intên, utawa jumêrut, matane nganggo intên.

uling of oling ... gêlang giligan gêdhe tinarètès ing intên [i...]

--- 4 : 1774 ---

[...ntên] barliyan, êndhas lan pêthite mirah utawa jumêrut, matane intên.

sigar pênjalin, iku gèpèng, gathukane luwih kêna ginandhèngake lan sisihe.

sêbêt lontar, iku iya gèpèng, lugas utawa tatahan gathukane turah.

lung uwi lugas, gepengane kaya wit uwi, gathukane luwih.

lung uwi nganggo êndhas utawa buntut, sarta nganggo intên.

lung-lungan, iku intên barliyan tanpa êmbanan mung kalawan ikêtan bae, dadi wujud krawangan.

jagung pinipil, gèpèng tanpa êndhas lan buntut, têngahe dithèrèki intên barliyan.

mrêjan sinêling ing êmas cêplesan, pinindha rupaning mrêjan, utawa wangun liyane rinèntèng gathuk.

mrêjan lugas, id.

Gêlêng:

zie srandu kêbo sapi.

Gêlung:

Araning gêlungan sawatara, kaya ta: unthêl, ungkêl, canthèl, kondhe Cina, kondhe Jawa, kêling, kadhal mènèk, sinapit urang, sikat sumêlap, picakan, jaran ngising, malang, gondhèl, gêdhe, bokor mêngkurêb, bangun tulak.

Wiwite ana gêlung saka anggite para widadari ing Kaendran, sinangkalan: gapura obah tiningalan (296) kaya ta: gêlung kêling, tunjung mas, turidan, tapawèri, supit urang, sungèr, sanggul, lamongan, prabakiswa, mandradari, moga, mêgêg, bang gêlung.

--- 4 : 1775 ---

Gêdhe:

(W.H.). Kang aran Bumi Gêdhe, iku tanah antaraning Dêmak lan Pajang, kabubuhan angladèkake inya lan êmban, utawa panunggalane, apadene kasampiran abdi dalêm wong pinggir zie pinggir.

Gudhe:

Gudhe iku ditandur ana ing patêgalan, panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis patang sasi kêna kaundhuh, olèhiolèhe. nglècèpi kulite yèn wis garing sarana digêbugi kalawan pring, isine padha gogrog, kêna diolah dadi lawuhan, 2. wangsalan Tjent. pangêpe ragi = dhedhe.

Godhi:

Godhi landheyan iku tamparan duk, anduwèni daya luputing têguh, ing jaman kuna ana godhi rambut, nanging ing jaman saiki wis ora ana zie srandu landheyan.

Gadhah:

' = gadhuh J.W. 117. Voorb: Darbèkipun ingkang dipun gadhah-gadhahakêngadhuh -gadhuhakên. dhatêng kancanipun.

Godhoh Kw.:

pani, panoka.

Gêdhana gêdhini:

zie kadhana kadhini.

Gudhawa:

zie gêndhing.

Gadhêl:

zie jênu. Wit gadhêl iku rupane putih, gêdhene sajê-Dilanjutkan pada hal. 1785.

--- 4 : 1776 ---

Gouverneur Generaal

1. Pieter Both. 1610 t/m 1614, 2. Gerrit Reijnnt 1614 t/m 1615, 3. Laurens Reaal 1615 t/m 1619, 4. Jan Pietersz 1619 t/m 1623, 5. Pieter Carpentier 1623 t/m 1627, 6. Jan Pietersz Coen 1627 t/m 1629, 7. Jacques Speex 1629 t/m 1632, 8. Hendrik Brouwer 1632 t/m 1636, 9. Antonie van Diemen 1636 t/m 1645, 10. Cornelis van der Lijn 1645 t/m 1650, 11. Carel Reiniersz 1650 t/m 1653, 12. Mr. Joan Mactsulijker 1653 t/m 1678, 13. Rijhlof van Goens 1678 t/m 1681, 14. Cornelis Jans Zoon Speelman 1681 t/m 1684, 15. Johannes Camphuijs 1684 t/m 1691, 16. Willem van Outhoorn 1691 t/m 1704, 17. Joan van Hoorn 1704 t/m 1709, 18. Abraham van Riebeeck 1709 t/m 1713, 19. Christoffel van Swol 1713 t/m 1718, 20. Hendrik Zwaarde Croon 1718 t/m 1725, 21. Matthes de Haan 1725 t/m 1729, 22. Mr. Diederik Durven 1729 t/m 1732, 23. Derk van Cloon 1732 t/m 1735, 24. Abraham Patras 1735 t/m 1737, 25. Adriaan Valekenier 1737 t/m 1741, 26. Johannes Thedens 1741 t/m 1743, 27. Gustaaf Willem Baron van Smhoff 1743 t/m 1750, 28. Jacob Mossel 1750 t/m 1761, 29. Petrus Albertus van der Parra 1761 t/m 1775, 30. Jaremias van Reimsdijk 1775 t/m 1777,

--- 4 : 1777 ---

31. Reinier de Klerk 1777 t/m 1780, 32. Mr. Willem Arnold Alting 1780 t/m 1796, 33. Mr. Pieters Gerardus van Overstraten 1796 t/m 1801, 34. Johannes Sieberg 1801 t/m 1804, 35. Albertus Henrieus Wiese 1804 t/m 1808, 36. Mr. Herman Willem Daendels 1808 t/m 1811, 37. Jan Willem Janssen 1811, 38. gouv.Ingg.: Lord Minto 1811, 39. gouv.Ingg.: Thomas Slamfort Raffles (Luitenan Generaal) 1811 t/m 1816, 40. gouv.Ingg.: John Fendaall (Luit: Gouv.) 1816, 41.Gedert Alexander Gerard Philip. .., 42. Baron van der Capellen 16 Janu 1819 t/m 1 Jan: 1826, 43. Hendrik Merkus de Koek Luit gou gen. 1 Janu: 1826 t/m 16 Janu: 1830, 44. Johannes Graaf van den Bosch 16 Janu1830 t/m 2 Juli 1833, 45. Jaan Chretien Boud (waarnemend) 2 Juli 1833 t/m 29 Pebru 1836, 46. Dominiques de Eerens (overladen te Buitenzorg den 30 sten Mei 1840) 29 Feb 1836 t/m 1840, 47. Carel Sicardus Willem van Hogendorp (waarnemend) 1 Juli 1840 t/m 6 Juni 1841, 48. Mr. Pieter Merkus (waarnemend) 6 Juni 1841 t/m 14 Febr. 1843, 49. Mr. Pieter Merkus (overleden te Soerabaia den 2 den Aug. 1844) 14 Febr. 1843 t/m 1844, 50. Jhr. Joan Cornelis Reijnst 5 Aug. 1844 t/m 30 Sept.1845. (waarnemend), 51. Jan Jacob Rochuseen 30 Sept. 1845 t/m 12 Mei 1851,

--- 4 : 1778 ---

52. Mr. Gorge Isaac Bruce (overleden voor zijn vertrek). .., 53. Mr. Albertus Jacob Duijmoer van Twist 12 Mei 1851 t/m 22 Mei 1856, 54. Charles Ferdinand Bahud 22 Mei 1856 t/m 2 Sept. 1861, 55. Mr. Arij Prins (waarn.) 2 Sept. 1861, 56. Mr. Loudoff Anne Jan Wilt Baron Sloet van de Belle 19 Oct. 1861 t/m 25 Oct. 1866, 57.Mr. Arij Prins (waarn.) 25 Oct. 1866, 58. Mr. Pieter Mijer 28 Dec. 1866, 59. Mr. James Loudon 1 Jan. 1872 t/m 26 Maart 1875, 60. Mr. J.W. van Lansberge 26 Maart t/m 12 April 1881, 61. Frederiks Jacob 12 April 1881 t/m 11 April 1884, 62. Ootto van Rees 11 April 1884 t/m 29 Sept. 1888, 63. Mr. C. Pijnacker Hordijk 29 Sept. 1888 t/m 17 Oct. 1893, 64. Jhr. C.H.A. van den Wijk 17 Oct. 1893 t/m 3 Oct. 1899, 65. J. Rooseboem 3 Oct. 1899 t/m Oct. 1904, 66. J.B. van Heuts Oct. 1904, 67. A.W.H. Idenberg. .., 68. Mr. Johan Paul Graaf van Limburg Sterum zie Browijotto 1905 no. 29. en 30,

--- 4 : 1779 ---

Goprak:

zie Togog.

Gapura Kradènayon:

zie dhatu (37).

Gêpuk:

zie srandu kêbo sapi (pawakan).

Gapit:

1. (padhalangan). Anane gapit wayang sungu kêbo bule, saka anggite Ingkang Sinuhun sumare ing Krapyak, nalika taun 1552 zie Nyakrawati.

Anane gapit wayang sungu banthèng, saka anggite Ingkang Sinuhun Sultan Agung, nalika taun 1556 zie Nyakrakusuma.

a. Gapit rêmpah. Wayang iku awake nganggo kagapit, tangane nganggo cêmpurit, utawa tuding, kang ginawe lumrahing akèh sungu kêbo, bêcik-bêcike sungu kêbo bule. Ananging yasan dalêm Ingkang Sinuhun, utawa yasane para gusti, kang ginawe sungu banthèng. Pakolèhe sungu banthèng ginawe gapit sarta cêmpurit, kajaba kiyat sarta gêdhe, rupane apik sarta mêncèrèt bangêt, tumrape marang wayang bisa awor lan pulas tuwin pradane, awit sungu banthèng iku ing ngisor kuning ing dhuwur irêng, dadining gapit, [ga...]

--- 4 : 1780 ---

[...pit,] ing sikil sarta ing awaking wayang padha kuning, panggonan antup-antupan tuwin ing gêlungan padha irêng, awit wayang iku sanadyan kabênêran pangêroking lulang, yèn kurang sêmbada gapite iya ora kapenak anggone, ing padhalangan tinêmbungake: kurang gagang.

Patrape anggapit wayang diluk nurut mandhuwur, wiwit saka sangkletan (watês sigaraning gapit) sikil buri tutug ing lambung: kaêluk, saka ing dhadha tutug ing tênggak saêluk, tênggak marang tênggok saêluk, tênggok tutug sadhuwuring kuping saêluk, dhuwur kuping marang ing gêlung saêluk. Pênêring gapit panggonan tali wis didokoki bolongan ingaran: têtêsan.

Ing padhalangan ana kang tinêmbungake: wayang cêgèh, utawa: wayang mati, iku saka lupute pangêluke gapiting lambung mandhuwur. Wayang cêgèh lan wayang mati yèn dilakokake tuwin disabêtake: kaya nglakokake utawa nyabêtake kayu padha kayu, beda bangêt karo kang kabênêran panggapite, yèn ginawe sabêtan bisa lêmês anglawani. Luwih manèh yèn mung dilakokake saya kapenak panyêkêling gapit.

b. Cêmpurit utawa tuding. Wayang iku tangane nganggo cêmpurit utawa tuding, manggone ana ing èpèk-èpèking wayang dibolong (têtêsan) banjur dikanthili cêmpurit,

--- 4 : 1781 ---

utawa tuding, ditêtêg karo têmbaga, sawênèh mas, utawa salaka. Cêmpurit iku nganggo diukur dawa cêndhake, wiwit ing têtêsan tutug ing bungkul, manut sadawaning tangan wayang kang nganggo.

Panggawening cêmpurit saka ing bungkul mêmbat satêkêm, utawa 5 jêmpol, banjur mêmêl kang gilig satêbah dipèk têngah-têngahe bênêr diênggo ênggoning gêgêl tuwin picisan, mandhuwur kaurut têkan picisaning èpèk-èpèk.

c. Gapit rêmpah kanggo ing prampogan enz. Gapit rêmpah kang kanggo ing prampogan sapêpadhane, iku sarana katêtêg ing picisan kayadene tuding gapit kêncêng kanggo ing gada, bindi sapêpadhane, garan gêgaman kêris, panah cakra manjing ing walulang.

d. Piranti. Pirantine wong gawe gapit, cêmpurit sapanunggalane, kaya ta: graji, kikir, patar, bur, jôngka, pandhokan (kanggo ngikiri) damar, lênga, (kanggo ngêluk) tali sêpêt, klothokan gadêbog (kanggo nglêmêng sungu) sungu sadurunge kagubah (kadhèndhèng) kudu kalêmêng dhisik, supaya bisa kêncêng. Sarampunge panggawening gapit lan cêmpurit, banjur diwuluh lan dirêmpêlas, supaya ilang tilasing kikiran, nuli kagêbêg nganggo gêrusan balung, iku bisa anggilapake.

--- 4 : 1782 ---

2. (Kori gapit lor of Brajanala) zie dhatu no. 27.

3. (Kori gapit kidul of Brajanala) zie dhatu no. 43.

Gapit rêmpah:

zie gapit 1. letl. a en c.

Gapila:

zie srandu kêbo sapi (wulu).

Gupila:

bocah bule putih.

Gapyuk:

zie srandu warôngka wêdhung. 2. zie abdi dalêm gapyuk.

--- 4 : 1783 ---

Gêdhe:

bupati ... Ing ngisor iki asmane para Bupati Gêdhe ing Surakarta: 1. Radèn Tumênggung Cakradidipura.Dilanjutkan pada hal. 1785. 2. Radèn Mas Arya Sumadiningrat, putrane Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya seda Kaliabu, putra dalêm Sinuhun Mangkurat Jawa ing Kartasura, Radèn Mas Arya mau kapundhut mantu Ingkang Sinuhun P.B. III seda sumare ing Lawiyan. 3. Radèn Mas Arya Wiryadiningrat. id. (ingkang rayi) anggêntosi ingkang raka, banjur dadi bupati Panaraga, seda sumare ing Taman Arum (P.R.) 4. Kangjêng Pangeran Angabèi putra dalêm (P.B.III). 5. Pangeran Têpasana (putra). 6. Radèn Tumênggung Padmadipura. 7. Radèn Tumênggung Tôndhanagara, kaundur dening lèrès saking pabarisan. 8. Radèn Tumênggung Kartanagara. 9. Radèn Mas Arya Jayaningrat, mantu dalêm (P.B. IX) Radèn Ajêng Ngabasah, pêputra Radèn Ayu Sasranagara. 10. Radèn Tumênggung Sasranagara, sumare ing gunung Wijil (Bayalali). 11. Radèn Tumênggung Suryawinata, sumare ing gunung Wijil (Bayalali). 12. Radèn Mas Arya Suryanagara, mantu dalêm (P.B. IX) kaingsêr dadi Bupati Sèwu. 13. Radèn Mas Arya Purwanagara, putrane Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, wayah dalêm P.B. IX. 14.Radèn Mas Arya Padmanagara putra Cakraningratan, mantu dalêm id. zie abdi dalêm gêdhe. zie W.H.

--- 4 : 1784 ---

Guling Kw.:

humandhe, kagila, tumandhe, pêpêdhak

Golèng (wônda):

zie Srikandhi.

Galungan:

1. zie wuku, 2. zie dhêndhan kukudan.

Glonggong:

zie tawon.

Gopa:

brahmana rêsi ... zie P.N. no.19 en 20.

--- 4 : 1785 ---

mpol sikil, mrambat ing wit-witan gêdhe, kang akèh thukul ing alas, ora thukul ing padesan.Kelanjutan dari hal. 1775.

Gêdhali:

ana rupa têlu nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Gêdhe dhuwur:

zie srandu kêbo sapi (pawakan).

Gadhag:

zie warôngka tumbak.

Gêdhig:

anggêdhig zie sor.

Gêdhog:

zie srandu.

Gêdhog (padhalangan):

Anane wayang gêdhog iku dhèk jaman Dêmak, banjur kajujut saka karsane Ingkang Sinuhun Mangkurat, sumare Têgalarum, nalika taun 1571 zie Mangkurat, Mataram.

Sinuhun Ratu Tunggul, ing Giri yasa wayang gêdhog, kang ginancarake lakon panji, amèt caritane layang anggitane para pujôngga jaman Majapait, rupaning wayang sipat lanang nganggo kêris, nanging wadone isih padha karo wayang purwa, ora nganggo buta tuwin kêthèk, dewa lan widadarine isih wujud gambar arca, tabuhane gamêlan pelog, kang dadi liruning buta: Bugis, sabrangane Prabu Klana ing Bali, kang ginawe sangkala: Bathara Guru nyêkêl cis, garane kagubêd ing sarpa = 1485.

Godhêg:

zie gêndhing.

Godhèg:

1. Kw. cambira, jambang. 2. zie kambil karajan no. 12.

Gadhing:

Kalanture têmbung: gadhingan = pajangan, of pasisiran, iku nalika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.I. têdhak cangkrama marang pasanggrahan Gadhing (Mataram) kang padha andhèrèk ngarani gadhingan, katêlah tumêka saiki yèn anglakoni gawe marang sajabaning nagara ingaran mangkono, sinangkalan: netra warna obahingrat (1642) Wawu.

--- 4 : 1786 ---

Gadhung:

Woh (= dhangkèl) gadhung yèn pinangan mêntah utawa matêng kang tanpa pratikêl: angêndêmi, êndême anggliyêr sarta nganggo mutah, yèn kakehan bisa andadèkake tiwas. Dene pratikêle supaya ora mêndêmi, woh gadhung mau diirisi tipis-tipis banjur dikum ing banyu tawa sadina sawêngi, nganggo ditindhihi watu supaya atus talutuhe, banjur kailês, antara sajam kailês manèh, mangkono ing sabanjure nganti ping têlu utawa ping pat, wusana banjur dikumbah ing banyu rêsik, sarta banjur kaêpe sagaringe, iku wis tawa mari ngêndêmi, kêna kagorèng utawa kaolah liyane, yèn tanpa kaêpe banjur kêna kagodhog.

Wit sarta godhong gadhung iku mèh padha karo wit sarta godhong gêmbili, kacèke wit gadhung: ijo, wit gêmbili iya ijo nanging sêmu abang, godhong gadhung cawang têlu, godhong gêmbili: bundêr, dene wohing gadhung: mèmpêr woh gêmbolo, nanging kacèk gêdhe woh gadhung. Gadhung iku tuwuh ing alas, utawa tinandur ana pakêbonan, kêmbange arum bangêt, kagêm ukêle para putri, utawa kanggo ngukup jarit. Thukuling wiji gadhung môngsa Karo D.K.1906 no. 83.

--- 4 : 1787 ---

Wit gadhung marambat kaya wit gêmbili, nanging rupane rada ijo, gêmbili rada abang, godhonge iya mèmpêr kaya godhong gêmbili, nanging cawang têlu, gêmbili ora cawang mung bundêr bae, kêmbang gadhung arum bangêt, wohe ana ngisor kaya gêmbolo, nanging gêdhe gadhung. Gadhung yèn pinangan mêntah utawa matêng tanpa pratikêl angêndêmi, anggliyêr nganggo mutah, yèn kakehan pamangane ambilaèni. Gadhung kêna ingupakara dadi panganan mari angêndêmi, pratikêle mangkene.

Gadhung diiris-iris tipis banjur kaêkum tinindhihan watu, sadina sawêngi supaya talutuhe atus, banjur diilês ing sikil nganti rambah ping têlu, kaya ta diilês, yèn wis warata: lèrèn, antara sajam diilês manèh iya sing warata, mangkono sabanjure nganti ping têlu utawa luwih saya prayoga, yèn wis rampung pangilêse banjur dikumbah kang rêsik, kêna kagodhog, utawa kinukusake dang dadi panganan, utawa kêna ginorèng nanging kudu dipe dhisik.

--- 4 : 1788 ---

Gêdhang:

Ing ngisor iki araning gêdhang sawatara, kaya ta: ambon, èbyok, raja urang, raja awu, raja kusta, raja talun, raja sèwu, raja walingi, raja lumut, raja dhèngkèl, raja brêntêl, raja blitung, rama, kidang, kêle, klemas, kluthuk, kluthuk sukun, kêpok, kêpyar, kêmuning, saraita, saba, wulan, longok, pênjalin, pulut, pulut cêklèk, pulut salak, jambe, maraseba, mas, geco chineesch, garaita, gabu, bêcici, batawi, bawèn. j.z.i. 277-3.

2. Kw. kisang, pisang. 3. Pananduring wit gêdhang prayoga ing môngsa katiga, labuh kapat anglilir, môngsa rêndhêng uripe bêcik, sataun wis awoh, tuwaning wohe (suluh) pitung sasi, rasane mêsthi lêgi, dene kang bêcik dhewe raja talun, kêna diolah sabarang panganan, mêntah matêng enak rasane. Gêdhang iku manak saka ing bonggole, saupama anaking gêdhang tansah pinêncarake, gêdhang sauwit apêse bisa dadi 25 luwang. 4. Wit gêdhang tinandur ing ngarêpan, ora ilok. 5. zie wit. 6. Wangsalan Tjent. pangêbanging basa = ginadhang-gadhang. 7. Wiwite ana wong nandur gêdhang saka dhawuhe Prabu Èryanarudra ing Gilingaya (Jakapuring) sinangkalan: rupa prawata agni (371) P.R.II. 61 -9.

Gêdhangan:

zie srandu ukiran.

Gêdhong:

zie abdi dalêm kadipatèn anom letl. e.

--- 4 : 1789 ---

Gêdhong:

Pagêdhongan (padhalangan). Kang diarani carita pagêdhongan, iku dudu pocapan kadhatonan, pocapaning wayang kang dadi lêlakon sarta kang ora ana wujude, dadi ora sawiyah lakon diucapake pagêdhongan, pancèn ana dhewe.

Gèdhèng:

(W.H.) sagèdhèng, têgêse: sagandhèng.

Godhong:

1. Ing ngisor iki araning godhong sawatara pêthikan saka J.Z.I. 280-9 v.o. lan nuwuhtuwuh. saka kawruhe Nyai Boging, kaya ta: injên-injênan zva. dingkik, irah-irahan, urêk-urêk polo, urat, asêm zva. sinom, ila-ila, ilèr, apa-apa, apit, ipit, uyah-uyahan, ayapana, nukila, cèplukan, cêplik pring, cêmara kate, cêguk zva. sriwadari, cabe, cung-cung bêlut, rau, ranti, randhu zva. baladewa, rêjasa, rajapilawa, rêmuk gêtih, kêndhayakan, kênthang, kacipir zva cêthèthèt, kacubung kasihan zva. kacubung wulung, kara, karuk nangsi, krokot, karu karang, krêmah, kokah, kadoya, katu, katepan, katepang, kelor zva. limaran,

--- 4 : 1790 ---

kilayu, kadhondhong, kêmladheyan, druju, dlima, dlingo, turi zva. pêthuk, tikusan, tikêl balung, têtêr, tela gantung, tulupan, tapak liman, tayungan, timunan, têmpuhyung, sêning, srigadhing, surèn, srinthil, soka, sidaguri, sligi, slangking, sampang, sêmêdhang, sômbakêling, sèmbukan, sambang colok, sêmbung, sêmanggi gunung, saga, sôngka, sangkèt, sônggalangit, wahung, wuni zva. mojar, wora-wari rumpuk, wora-wari bang, widara, widasari, walikadhêp, waloh zva. ranggèh, landêp, lampês, lombok zva. sabrang, lêmbayung (ora mung kanggo jêjanganan bae, kêna ginawe jamu ambancarake banyu susu, minôngka uyup-uyup.), lêgêtan, lêgêtan Cina, lênglêngan, pôncasuda, pintèn, pace (oyode aran kudhu, nanging godhonge yèn ginawe jamu iya aran kudhu), pacar, pacing, pare ayam zva. tundhung, poksor, patikan, pulutan lara (pulutan kang durung kêmbang), pipit, papasan, pupus jambe, pupus gêdhang (= dêdêl), dhukut jarêm, dhuwêt, dhadhap srêp, dhêmpo lêlêt, jarak Cina zva. blêdhèg, jalumampang,

--- 4 : 1791 ---

jlegor (kêna digawe tômba wudun), mêniran, mêniran Cina, môndhakaki, mênyuwun, gêdoya, gagan-gagan, buntu silit, brobos, bêsaran, blimbing wuluh, bayêm raja, bayêm lêmah, bayêm gatêl, bayêm bang, nging-nging.

--- 4 : 1792 ---

Godhong a.:

Ing ngisor iki araning godhong kang mawa wisa, anglarani utawa anggatêli tuwin angêndêmi, kaya ta: encok, cêguk, kalak ambing, kêmadhuh, walik êlar, mêniran, bako.

Godhong b:

pangulu kyai ... zie P.N.no.43. en zie P.B. II no.44.

Godhong c:

zie srandu warôngka ladrang.

Godhong d:

zie ron

Godhong e:

zie abdi dalêm pangrêmbe II. mantri godhongan.

Godhong andong (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak godhong andong: bênêr, ngisor mêtêng, ada-ada urip.

Godhong êpring (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak godhong êpring: bênêr, kruwingan ambêmbêng.

--- 4 : 1793 ---

Gêdhong kiwa:

bupati ...: 1. Kyai Tumênggung Tirtawiguna, ora têrang. 2. Radèn Tumênggung Kartanagara, sumare ing Lawiyan. 3. Radèn Tumênggung Puspakusuma, sumare ing Nusupan. 4. Kyai Tumênggung Wirarêja I, sumare ing Nglungge. 5. Radèn Tumênggung Wirarêja II, (= Sasradipura ing Lawiyan). 6. Radèn Tumênggung Kartadipura I (Sasradipura ing Lawiyan). 7. Radèn Mas Riya Kartadipura II mingsêr dadi bupati kaparak têngên, nama Radèn Mas Riya Purwadiningrat V. zie kaparak têngên no.15. 8. Radèn Mas Riya Dewakusuma, ngalih nama Radèn Mas Riya Jayaningrat, mantu dalêm P.B. IX. 9. Radèn Riya Prawiradiningrat, mantu dalêm P.B.X mingsêr anggêntosi kang rama dadi bupati kaparak têngên, nama nunggak sêmi kang rama Radèn Mas Arya Purwadiningrat. 10. Radèn Tumênggung Jayanagara mantu dalêm P.B. X, maune Bupati Bumi. 11. Radèn Mas Arya Prawiradiningrat (R.Ng. Atmadipura) wayah dalêm P.B.IX. mantu dalêm P.B. X taun Jimawal 1845.

--- 4 : 1794 ---

Gêdhong têngên:

bupati ...: 1. Kyai Tumênggung Wirarêja I, sumare Makamhaji. 2. Radèn Panji Suradilaga I. sumare Ngimagiri. 3. Radèn Tumênggung Prawiradipura, sumare Makamhaji. 4. Radèn Tumênggung Suradilaga II. sumare Makamhaji. 5. Radèn Tumênggung Sôntadipura, sumare Mungup. 6. Radèn Tumênggung Wirarêja II. sumare Sumbulan. 7. Radèn Tumênggung Suradilaga III. sumare Sumbulan. 8. Radèn Tumênggung Arjadipura. 9. Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Gêdhong kiwa têngên:

zie upacara letl.f. bokor. Abdi dalêm gêdhong kiwa têngên, seba Sênèn Kêmis ana Srimanganti, tungguk ana lawang ijo lor (wiwarapriya) kang jaba, nginêb sarta ngêngakake kori, yèn bêngi nganglang, yèn prêpêgan sarta ana gawe: olah-olah, apadene Pajang pasisiran sapanunggalane.

Gêdhong minêb:

Ciri jaran kang aran: gêdhong minêb, unyêng-unyêngan ana sadhuwuring mata, watake bêcik, sugih rijêki.

--- 4 : 1795 ---

Gadhing Mataram:

kaliwon wadana ...: 1. Radèn Tumênggung Rajawaniti, Wadana Srati sarta Soka Gadhing, sumare ing astana Jêjêran bawah Ngayogyakarta, jaman Ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram. 2. Radèn Tumênggung Rajamênggala, Wadana Soka Gadhing, Kalang, Gowong, Srati, Tuwaburu, sumare ing astana Jêjêran bawah Ngayogyakarta, jaman Ingkang Sinuhun Mangkurat, taun 1603. 3. Radèn Tumênggung Rajaniti I. Wadana Gadhing Mataram, sumare id. 4. Radèn Tumênggung Rajaniti II. Wadana Gadhing Mataram en Majêgan, sumare id. 5. Radèn Tumênggung Rajaniti III. Wadana Gadhing Mataram, en Majêgan, sumare id. 6. Radèn Tumênggung Rajaniti IV,§ Ngalih nama Radèn Tumênggung Rajadipura. Wadana Gadhing Mataram en Majêgan, sumare Makamhaji Kartasura. 7. Radèn Tumênggung Rajaniti V. Wadana Gadhing Mataram en. Majêgan, sumare Makamhaji (Kartasura). 8. Radèn Tumênggung Rajaniti VI,§ Kaingsêr dadi wadana jaksa nama Radèn Tumênggung Jaksanagara. Wadana Gadhing Mataram en Majêgan, sumare Gênthan (Surakarta). 9. Radèn Ngabèi Rajadipura,§ Kaingsêr dadi Kaliwon Bumi nama Radèn Ngabèi Tôndhadipura. Wadana Gadhing Mataram. 10. Radèn Ngabèi Nitipura, Wadana Gadhing Mataram, sumare Kartasura. 11. Radèn Mas Ngabèi Kartadipura, Wadana Gadhing Mataram, winisudha dadi bupati aran: 12. Radèn Mas Arya Wuryaningrat (1838). 13. Radèn Mas Arya Prawiradiningrat (Radèn Mas Ngabèi Atmadipura) putranipun Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat, mantu dalêm P.B. X randhanipun Radèn Mas Arya Purwanagara. 14. Radèn Mas Arya Jayadiningrat, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, mantu dalêm P.B. X.

--- 4 : 1796 ---

Gadhung mlathi:

1. zie gend. 2. zie dhatu (41). 3. Gêndera.

Gêdhang gabu:

zie srandu kêbo sapi (sungu).

Gajah:

Ing ngisor iki dasanamaning gajah kang muni ing layang D.N.K. sarta J.Z.I. 368-8 tuwin schrift dalah pardikane, kaya ta:

--- 4 : 1797 ---

Gajah (yèn alasan), Harjamuka (yèn sinamiran), Hasti, Hèsthi (yèn tinunggangan), Rajamuka, Kunjara, Dirada (yèn arêp mêta), Diraddha, Dwirocana, Dwiraddha, Dwipa, Dwipangga, Dipôngga (yèn tinitihan ing ratu), Samadya, Samaja (yèn ginawa prang), Waniti (yèn pinalanan), Liman, Pinggala, Jagamuka (yèn tinunggangan ing buta), Matêngga (yèn ginawa cangkrama), Gajaksa, Gathamuthu, Brajamuka (yèn binarong).

2. Wiwite panjênêngan ratu kagungan kalangênan gajah, kunane kagêm titihan, saka Sri Makukuhan, iya Raja Kanwa, nalika têdhak papara mênyang bawahe ing pulo Palembang mundhut gajah kagêm titihan, sinangkalan: buta gajah têlu (385).

3. Gajah iku dumunung ing tanah Asiyah sarta Aprikah.

Gajih:

1. Kw. halmaka, walam, lêmak, pinyaka, palam. 2. zie kara, kêtan en pari en srandu kêbo sapi.

Gajah Endra:

zie gêndhing.

Gajahoya:

zie Ngastina.

Gajah singa:

zie Supa letl.b.

Gajah Pramada:

patih adipati ... zie P.N.no.38.

Gajahmada:

patih adipati ... zie P.N.no.26.

Gajah Mati:

Abdi dalêm Gajah Mati pagaweane nyaraki titihan dalêm kang mêntas kagêm, utawa gawe cêmêthi, ambên, kêndharat pangarungan sapêpadhane.

Giyanti:

Jumênênge Sultan Kabanaran (P. Mangkubumi ana ing desa Giyanti, sasurupane Radèn Ngabèi Sasradipura, desa Giyanti iku bawah Kabupatèn Sragèn).

Giyanti:

zie J.W. 159.

Giyanti:

Kumpul sagung kang para Bupati / sakiduling loji prênahira / marik-marik pinggir lèpèn / lèpèn ing Badawaluh / ing Giyanti kapit ing kali / kali Samin lèrira / Badawaluh kidul ... zie B.G. (Babad Giyanti).

Giyak-giyak:

zie gêndhing.

Gayam:

1. zie dhatu (12). 2. Kw. gahyam. 3. Wangsalan Tjent. kang angancam-ancam = ngayam-ayam.

Goyang:

zie gêndhing.

Gêmah Ijo:

(W.H.) Bumi Gêmah Ijo kalanturing basa dadi: Gêmak Ijo, têgêse Gêmah Ijo: bumi pomahaning abdi dalêm kang miji dadi kagungan dalêm, anane bumi Gêmah Ijo dhèk jaman Mataram, jumênênge Ingkang Sinuhun Sultan Agung.

--- 4 : 1798 ---

Gaman:

of gêgaman gew.

1. Ing ngisor iki araning gêgaman ing jaman kuna kaya ta: alugora, ogrok, obang-abing, naga sêngkali, nagapasa, nênggala, cakra, rajang, kunta, kalawahi, duduk, totog, tongkok, tunggara, tunggul, srampang, sorog, sisiran, susug, salukun, suligi, sodhok, lori, parasu, palu, palu rante, piling, dhodhog, juju, musala, gandhi, garotha, gada, bindi, bandhêm, bêdhama, boji, bajra.

2. Sri Maharaja Budha (Sang Hyang Guru) yasa gêgaman arupa: nagapasa, cundrik, cundha, curiga (dhapur lar ngatap), curiga (dhapur pasopati), cakra, kunta, katana, kalaka, sarata, sakkri, sangkali, patrêm. Sinangkalan: salira warna rupa (148).

3. Kw. astra, sanjata, sara, yoddha.

Gêmak:

1. Kw. kayali, puyuh, maninting. 2. Wiwite ana wong ngadu gêmak, saka Prabu Baka ing Prambanan, sinangkalan: buta sirna tanpa rupa (1005) Jimawal. 3. Gêmak iku nêtês dumunung ana tanah Eropah sarta Asiyah.

Gêmak Ijo:

1. Palêmahan têgal sawah gêgêlênganing desa, wis kasôngga pajêge marang bêkêl, mangku palêmahan mau ing têmbe buri diomahi wong (dadi kampung) wong kang padha omah-omah ing kono padha nyôngga pajêging pomahane dhewe-dhewe, ora kasanggakake ing gawe, dadi kuli kêncêng, pajêg iku mung dadi meliking bêkêl. 2. Bumi lênggah dhahar dalêm pamijèn kang isih dadi irasan, utawa kang kapajêgan bêkêl miji dhewe.3. Bumi pomahane abdi dalêm kang miji dadi kagungan dalêm, dhèk karaton Mataram, Brm. 1836 no. 55 zie Gêmah Ijo

--- 4 : 1799 ---

Gêmak:

Ing ngisor iki kawruh gêmak adon, kang ala lan kang bêcik, wasiyat saka Radèn Atmasupana abdi dalêm urdênas Kasunanan P.B. VII.

1. Tanahing manuk gêmak kang bêcik. a. Ing Caruban, desa Kaligunting. b. Ing Panaraga, desa Pakal. c. Ing Pajang Pêngging, desa Palèt. d. Ing Kaduwang, desa Pulutan. e. Ing Gunungkidul, desa Têlêng.

2. Wandaning manuk gêmak kang bêcik. a. Ulat, kang ngula lanang. b. Irung kang ômba lèng-lèngane. c. Upil-upilane kang mingslêp. d. Alis, kang rangkêp sarta kang ngatap. e. Êndhas, kang anjêbug. f. Ilat, kang gilig mêrit ing pucuk sarta kang cêndhak. g. Ilu, kang kumocor. h. Adêge, kakang. macan tangi.

3. Pilihaning manuk gêmak kang bêcik. a. Cêthak kang putih. b. Cucuk kang gêdhe ing bongkot, kang garing sarta kang corok, pucuke kang ngêri tanjam putih. c. Cêkêl: kaya cêkêling manuk mati. d. Calana, kang ngêcoba (landhung tumalip ing dhêngkul). e. Jangap, kang cawak luwih saka ing mripat, pakolèhe yèn cocohan mênang akêp-akêpane lan angèl suwèke.

--- 4 : 1800 ---

4. Pilihan kaping II. a. Kulit kang putih, kang tipis sarta kang kêndho. b. Kêsômba, kang akèh sarta landhung, lan kang abang. c. Kêmbên kang landhung, kang pênêr corake sarta mêrake kang akèh (watêke rosa adêge bêtah).

5. Pilihan kaping III. a. Dariji kang cêndhak-cêndhak, sarta kang mêrit ing pucuk (watêke rosa, adêge bêtah).

6. Pilihan kaping IV. a. Kuping kang ciyut lèng-lèngane, tutup kang nutupi (watêke ora angglarap).

7. Pilihan kaping V. a. Suluhan kang lêkok sarta kang jêmbar. b. Sinom, kang anjalak urèn. c. Sisik, kang kêkêr, kang ganjil sarta kang sêmu garing. d. Singgat, kang ngawat sarta kang kêncêng. e. Slendhang, kang ômba dawa.

8. Pilihan kaping VI. a. Wulu kang alus sarta mêlês. b. Wang kang malang (rosa garotane).

9. Pilihan kaping VII. a. Sisik, kang nglele mati.

10. Pilihan kaping VIII. a. Pawakane kang ngêmanak. b. Cupu kang gèpèng, kang warata, sarta kang alus balunge (gèpèng iku kalêbu pilihan balung gêdhe, watêke rosa). c. Pathak, kang mathak cèlèng.

--- 4 : 1801 ---

d. Pipi kang gêmbal sarta klungsur. e. Pandênge kang maju marang cucuk (watêke pramana wawasane).

11. Pilihan kaping IX. a. Dhadha kang jêmbar sarta mungal. b. Dhêngkul kang mêrit.

12. Pilihan kaping X. a. Mripat, kang ngêmbang wewehan, kang bêning kang ômba irênge kang kandêl, putihe kang ciyut.

13. Pilihan kaping XI. a. Gulu kang kêncêng, kang gêdhe, kang dawa, ngisor kang cilik (watêke pakolèh pêlukane, rosa tur bêtah). b. Gêntha (= kalung) kang landhung sarta kang irêng. c. Uwêde ing gulu kang mapan. d. Gigir kang wusu.

14. Pilihan kaping XII. a. Bam kang santosa, kang ngawêt. b. Buntut kang ngurang mati. c. Bokong kang dhapur bukung. d. Balung kang nglênga.

15. Gêmak kang tinêmu ora prayoga ingingu, 1. Pasêmon pucêt. 2. Pasêmon tipis. 3. Pupur (praupan putih). 4. Pucuk ilat asat. 5. Mripat abang.

--- 4 : 1802 ---

6. Madal sumbi (wulu walik). 7. Cêthak asat. 8. Cucuk têlês (watêke êmpuk kurang rosa). 9. Sisik têlês (watêke êmpuk kurang rosa). 10. Srompot sembonge. 11. Tanpa ilu. 12. Tikêl alis. 13. Kalung bang. 14. Kêmbên cupêt. 15. Gêntha êndhas. 16. Sigar kêpala wulu (wulune maro). 17. Cêthak biru. 18. Calana cupêt. 19. Calana irêng. 20. Sigar kêpala kalung. 21. Brubuh gêntha. 22. Kulit kuning. 23. Kulit biru. 24. Wulu rontogan sarta kasap.

--- 4 : 1803 ---

Gamêl:

kaliwon wadana ...: 1. Ing ngisor iki asmane para kaliwon wadana gamêl.

a. Pangeran Suranagara (P.B.I.) Kartasura. b. Radèn Panji Riya Tohpati (M.Rt.) Kartasura. c. Radèn Ngabèi Suranagara I. (P.B.II.) Surakarta. d. Radèn Ngabèi Suranagara II. (P.B.III.) Surakarta. e. Radèn Ngabèi Suranagara III. (P.B.IV en V.) Surakarta. Munggah pangkat nama Radèn Tumênggung Kuda Jagadipura I. nganggo sorsoran kaliwon, Radèn Ngabèi Sôntaturôngga I. (P.B.VI.). f. Radèn Ngabèi Suranagara IV (P.B. VII en VIII.). g. Radèn Ngabèi Sôntaturôngga II. (P.B.IX). h. Radèn Ngabèi Kuda Jagadipura II. (P.B.X.). i. Radèn Ngabèi Kuda Jagadipura III. (P.B.X.). j. Radèn Ngabèi Kuda Jagadipura IV. (P.B.X.) R.N. Purwaturôngga

a t/m i padha sumare ing astana Jurug M.N.

2. zie abdi dalêm gamêl. Paseban patunggukane abdi dalêm gamêl ana ing gêdhogan. Pagaweane ngopèni titihan dalêm, sarta ngambili sapêpadhane.

3. zie abdi dalêm kadipatèn letl.e.

4. zie abdi dalêm kapatihan letl. g.

--- 4 : 1804 ---

Gamêlan:

1. Wiwite ana gamêlan, yasane Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha (Bathara Guru) kaparingan aran tabuhan: Lokananta, sinangkalan: swara karêngèng jagad (167) P.R.I.139-4.

2. Sang Hyang Endra yasa tabuhan ingaran: Surendra, kalantur dadi aran: salendro, ricikane mung lima, iya iku: gêndhing (= rêbab), kala (= kêndhang), sôngka (= gong), pamatut (= kêthuk), sauran (= kênong). Sinangkalan: swara matênggèng karna (287) P.R.I.254-7.

3. Gamêlan salendro kapatêdhakake marang Sri Maharaja Kanwa (Bathara Wisnu) ing Purwacarita, kawuwuhan ricikan, iya iku: salundhing (= kêmpul), grantang (= gambang), sinangkalan: karêngèng guna katon muluk (336).

4. Sri Maharaja Kanwa yasa gamêlan têtêngêring prang ingaran: mardangga, ricikane:

kala (= kêndhang), sôngka (= gong)

gubar, wujude sairib bêndhe, nanging tanpa pêncu,

bairi, wujude saiki bèri, ing pinggir mawa lingêrlingir. mubêng

puksur, wujude sairib trêbang, utawa: tambur, yèn diunèkake mawa tabuh kayu.

gurnang, wujude sairib kênong, yèn kaunèkake nganggo kagandhulake sarana tali kayadene bêndhe.

thong-thong, wujude sairib kêndhang, nanging kalonthongan, kang dianggo: gôngsa, yèn diunèkake nganggo tabuh kayu.

--- 4 : 1805 ---

grit, wujude sairib trêbang, nanging yèn diunèkake nganggo tabuh kaya tambur.

têtêg, wujude sairib kêmodhong, nanging tanpa plangkan mung kagantung bae.

5. Gamêlan pelog (ricikan ganêp) kang nganggit Prabu Kandhihawan, iya Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita, sinangkalan: rasaning salira tanpa côndra (1086) Je.

6. Ing ngisor iki araning gamêlan pusaka karaton, iya iku:

Kyai Kumitir, Kyai Naga (gamêlan Sakatèn), Kyai Udanarum (monggang) ... taun 1719.

Kyai Gunturmadu, sinangkalan: sirna paningaling guntur bumi (1720)Sengkalan: sirna paningaling guntur bumi (1720 A.J., 1793/94 A.D.). P.B. IV

7. Kagungan dalêm gamêlan kang kanggo nuju ing dina gêdhe kaya ta:

Arjawinangun zie Mangunarja ben.

Udanarum, Udanasih ... ana Srimanganti kulon.

Kancil bêlik, Kadukmanis ... ana Paningrat lor kidul sisih wetan / kulon.

Dewakatong, kalênengan.

Larasati, Pangasih ... ana Pamagangan.

Jimat, kalênengan.

Manisrêngga, ana Paningrat kidul sisih kulon.

Mangunarja, Arjawinangun ... ana Srimanganti wetan.

Monggang, gonge aran Kyai Braja Herawana, ana Sitinggil manggon ing bangsal Angun-angun. [Angun-...]

--- 4 : 1806 ---

[...angun.]

Gunturmadu, ana Paningrat lor sisih wetan.

Bajraherawana zie monggang.

Gamêlan (ricikan) pelog:

Ing ngisor iki gamêlan gêdhe pelog, ricikane kaya ta: a. Bonang gêdhe sapangkon isi 14 iji. b. Bonang panêrus sapangkon isi 14 iji. c. Gêndèr gêdhe sapangkon isi 12 wilah. sorogan 2 wilah. d. Gêndèr panêrus sapangkon isi 12 wilah. sorogan 2 wilah. e. Gambang sapangkon isi 18 wilah. sorogan 3 wilah. f. Slênthêm sapangkon isi 7 wilah.

--- 4 : 1807 ---

g. Dêmung sapangkon isi 7 wilah. h. Saron barung 2 pangkon a isi 7 = 14 wilah. i. Saron panêrus sapangkon isi 7 wilah. j. Kênong laras lima, nêm sarta barang 3 iji. k. Kêmpul laras lima utawa nêm 1 iji. l. Gong gêdhe sarakit 2 iji. Kang kawilang gêdhe olèh gulu utawa têngah, kang sêdhêngan olèh lima, dene kang cilik olèh nêm. m. Rêbab 1 iji. n. Suling 1 iji. o. Kêndhang gêdhe 1 iji. p. Kêndhang cilik 1 of 2 iji. q. Kêndhang kêtipung 1 iji. r. Kêthuk laras nêm 1 iji. s. Kêmpyang laras nêm 2 iji.

Gamêlan (ricikan) salendro:

Gamêlan gêdhe salendro ricikane padha bae karo gamêlan pelog ing dhuwur iki, kacèke: 1. Salendro ora nganggo kêmpyang, nanging nganggo: kuk kêmong. 2. Bonang sapangkon mung isi 10 utawa 12 iji. 3. Bangsaning saron isi 6 utawa 7 wilah. 4. Gambang tanpa sorogan 18 wilah.

--- 4 : 1808 ---

Gamêlan (reyog):

Gamêlan reyog kêna nganggo salendro utawa pelog sarta mung nganggo bêndhe 3 kang urut larase sarta kêndhang.

Gamêlan (karaton):

a. Kyai Kancil Bêlik, laras pelog, ricikane kaya ing ngisor iki:

Bonang gêdhe sapangkon isi 14 iji. Bonang panêrus sapangkon isi 14 iji. Slênthêm sapangkon isi 7 wilah. Dêmung 2 pangkon a isi 7 = 14 wilah. Saron barung 4 pangkon a isi 2 = 8 wilah. Saron panêrus 2 pangkon a isi 7 = 14 wilah. Gambang gôngsa sapangkon isi 17 wilah. Gêndèr gêdhe sapangkon isi 12 wilah. sorogan 2 wilah. Gêndèr panêrus sapangkon isi 12 wilah. sorogan 2 wilah. Kênong 3 iji.

laras lima, nêm sarta barang, kunane mung siji laras lima, dadine wuwuh loro laras nêm sarta barang saka karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX.

Kêthuk 1 iji. Kêmpyang 2 iji. Kêmpul 1 iji. Suwukan 1 iji

--- 4 : 1809 ---

Gong gêdhe sarakit = 2 iji. Gambang kayu sapangkon isi 18 wilah. Sorogan 3 wilah. Kêndhang gêdhe Kyai Kancil Bêlik 1 iji. Katipung 1 iji. Rêbab gadhing byur 1 iji Suling 1 iji.

b. Kyai Gunturmadu laras salendro, ricikane kaa kaya. ing ngisor iki: Bonang gêdhe sapangkon isi 14 iji. Bonang panêrus sapangkon isi 14 iji. Slênthêm sapangkon isi 7 wilah. Dêmung 2 pangkon a isi 7 = 14 wilah. Saron barung 4 pangkon isi a 2 = 8 wilah. Saron panêrus 2 pangkon isi a 7 = 14 wilah. Gambang gôngsa sapangkon isi 17 wilah. Gêndèr gêdhe sapangkon isi 12 wilah. Gêndèr panêrus 12 wilah. Kênong laras lima, nêm sarta barang id. bov. 3 wilah. Kêthuk 1 iji. Kuk kêmong 2 iji. Kêmpul 1 iji. Suwukan 1 iji. Gong gêdhe sarakit = 2 iji. Gambang kayu sapangkon isi 18 wilah.

--- 4 : 1810 ---

Kêndhang gêdhe Kyai Gunturmadu 1 iji. Kêndhang cilik 2 iji. Katipung 1 iji. Rêbab gadhing ponthang 1 iji. Suling 1 iji.

c. Kyai Kadukmanis laras pelog, ricikane kaya ing ngisor iki.

Bonang gêdhe sapangkon isi 14 iji. Bonang panêrus sapangkon isi 14 iji. Slênthêm gantung sapangkon isi 9 wilah. Dêmung sapangkon isi 7 wilah. Saron barung 2 pangkon isi 4 wilah. Saron panêrus sapangkon isi 7 wilah Gêndèr gêdhe 2 pangkon isi 24 wilah. Gêndèr panêrus 2 pangkon isi 24 wilah. Kênong laras lima, nêm sarta barang 3 iji. Kêthuk 1 iji. Kêmpyang kang 2 laras nêm, kang 2 laras barang 4 iji. Kêmpul 1 kang laras lima, kang 1 laras nêm 2 iji. Suwukan 1 iji. Gong gêdhe sarakit 2 iji. Rêbab gadhing byur Kyai Kaduk Manis 1 iji. Kêndhang gêdhe 1 iji. Kêndhang cilik 2 iji. Katipung 1 iji.

--- 4 : 1811 ---

Gambang kayu sapangkon isi 18 wilah. Clêmpung 1 iji. Suling 1 iji. Kêmodhong sapangkon.

d. Kyai Manisrêngga laras salendro, ricikane kaya ing ngisor iki:

Bonang gêdhe sapangkon isi 14 iji. Bonang panêrus sapangkon isi 14 iji. Slênthêm gantung sapangkon isi 9 wilah. Dêmung sapangkon isi 7 wilah. Saron barung 2 pangkon isi 4 wilah. Saron panêrus sapangkon isi 7 wilah. Gêndèr gêdhe sapangkon isi 12 wilah. Gêndèr panêrus sapangkon isi 12 wilah. Gambang gôngsa 17 wilah. Kênong laras lima, nêm sarta barang 3 iji. Kêthuk 1 iji. Kêmpyang laras barang 2 iji. Kêmpul, kang 1 laras lima, kang 1 laras nêm 2 iji. Suwukan 1 iji. Gong gêdhe sarakit = 2 iji. Kêndhang gêdhe 1 iji. Kêndhang cilik 2 iji. Katipung 1 iji. Rêbab gadhing ponthang Kyai Manisrêngga 1 iji.

--- 4 : 1812 ---

Gambang kayu sapangkon isi 18 wilah. Calêmpung 1 iji. Suling 1 iji.

e. Kyai Dewa Katong (kalênengan) laras pelog, ricikane kaya ing ngisor iki:

Gêndèr rong pangkon isi a 12 = 24 wilah (laras nêm sarta barang, wilahane ngêndhas lele). Gêndèr panêrus rong pangkon isi a 12 = 24 wilah. (laras enz, id.). Slênthêm gantung sapangkon isi 9 wilah. (wilahane ngêndhas lele sarta nganggo kucu). Saron barung rong pangkon isi a 9 = 18 wilah. (wilahane ngêndhas lele). Kênong laras lima, nêm sarta barang 3 iji. Kêthuk 1 iji. Kêmpyang 2 iji. Kêmpul laras lima sarta nêm 2 iji. Suwukan 1 iji. Gambang rong pangkon isi a 18 = 36 iji. (laras nêm sarta barang). Calêmpung 1 iji. Suling 1 iji. Rêbab gadhing byur 1 iji. Kêndhang gêdhe 1 iji, Kêndhang cilik 2 iji id., Gong sarakit 2 iji id ... padha nganggo karo salendrone Kyai Jimat ing ngisor iki.

--- 4 : 1813 ---

f. Kyai Jimat (kalênengan) laras salendro, ricikane kaya ing ngisor iki:

Gêndèr gêdhe sapangkon isi 12 wilah. Gêndèr panêrus sapangkon isi 12 wilah. (wilahane padha ngêndhas lele). Slênthêm gantung sapangkon isi 9 wilah. (wilahane ngêndhas lele sarta nganggo kucu). Saron barung rong pangkon isi a 9 = 18 wilah. (wilahane ngêndhas lele). Kênong laras lima, nêm, barang sarta têngah 4 iji. Kêthuk 1 iji. Kêmpyang 2 iji. Kuk kênong 2 iji. Kêmpul laras lima sarta nêm 2 iji. Suwukan 1 iji. Gambang kayu sapangkon isi 18 wilah. Calêmpung 1 iji. Rêbab gadhing ponthang 1 iji. Suling 1 iji.

g. Gamêlan Srêngganiraras, laras pelog, ricikane kaya ing ngisor iki:

Bonang gêdhe sapangkon isi 14 wilah. Bonang panêrus sapangkon isi 14 wilah. (wilahane padha nganggo kucu). Slênthêm gantung sapangkon isi 9 wilah. (Dhapur wilahan gêndèr).

--- 4 : 1814 ---

Dêmung sapangkon isi 7 wilah. (Dhapur wilahan lumrah). Saron barongbarung. rong pangkon isi 4 wilah. Saron panêrus sapangkon isi 7 wilah. (Padha dhapur wilahan lumrah). Gêndèr gêdhe rong pangkon isi a 12 = 24 wilah. Gêndèr panêrus rong pangkon isi a 12 = 24 wilah. (Padha laras nêm sarta barang). Kênong sapangkon isi 3 wilah. (Padha dhapur wilahan nganggo kucu). Kêmpul sarta suwukan sapangkon isi 2 wilah. Kêmodhong sapangkon isi 1 wilah. Gambang kayu sapangkon isi 18 wilah.

h. Gamêlan Srêngganiraras, laras salendro, ricikane kaya ing ngisor iki:

Bonang gêdhe sapangkon isi 14 wilah. Bonang panêrus sapangkon isi 14 wilah. (Wilahane nganggo kucu). Slênthêm gantung sapangkon isi 9 wilah. (Wilahane dhapur wilahan gênèr).gêndèr. Dêmung sapangkon isi 7 wilah. (Wilahane dhapur wilahan lumrah).

--- 4 : 1815 ---

Saron barung sapangkon isi 4 wilah. Saron panêrus sapangkon isi 7 wilah. (Wilahane dhapur wilahan lumrah). Gêndèr gêdhe sapangkon isi 12 wilah. Gêndèr panêrus sapangkon isi 12 wilah. Gambang gôngsa sapangkon isi 17 wilah. Kuk kêmong sapangkon isi 2 wilah. Kênong sapangkon isi 3 wilah. (Wilahane nganggo kucu). Kêmpul sarta suwukan sapangkon isi 3 wilah. Kêmodhong sapangkon isi 1 wilah. Gambang kayu sapangkon isi 18 wilah. Kêndhang 2 iji.

i. Carabalèn Srêngganiraras, laras pelog.

Gambyong sarta klenang rong pangkon isi a 6 = 12 wilah. Kênong sarta panonthong rong pangkon isi a 6 = 12 wilah.

Gamêlan (kalênengan):

Gamêlan kalênengan iku bedane karo gamêlan gêdhe mangkene:

1. Ora nganggo bonang gêdhe utawa cilik. 2. Ora nganggo dêmung. 3. Ora nganggo saron panêrus.

--- 4 : 1816 ---

4. Gong têrkadhang liniru kêmodhong, utawa mung nganggo gong suwukan. 5. Tambah nganggo clêmpung.

Gamêlan (topèng):

Gamêlan topèng iku laras salendro, ricikane: Gêndèr gêdhe sapangkon. Saron sapangkon. Kêthuk 1. Kênong 1. Gong suwukan 1. Kêmpul 1. Kêndhang 1. Kêcèr sapangkon utawa rong tangkêp.

Gamêlan (sêtu):

Ing saadêge kutha Bacingah ing Mataram, Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, yasa gamêlan monggamonggang. patalon, iya iku pradôngga barang, ricikane ora owah, diunèkake sabên dina Sêtu, katêlahing aran: Gamêlan Sêtu, sinangkalan: karêngya tri wisiking janma = 1536.

Gamêlan (wayang):

Gamêlan wayang purwa laras salendro: gêdhog, pelog, panatane kaya ing ngisor iki: Gêndèr: ana saburining dhalang bênêr, kiwane kêndhang, têngêne rêbab, têngêne manèh: gambang, burine: slênthêm, kiwane saron rong pangkon, kiwane manèh: panyuling,

- -- 4 : 1817 ---

burine:gong, têngêne kêthuk kênong, kêcèr sarta katipung, iku kanggo ing karaton wiwit jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.IV. tutug jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.VII. ing saiki wuwuh clêmpung sarta gêndèr panêrus.

Gamêlan (wayang klithik):

Gamêlan wayang klithik iku laras salendro, ricikane: Gêndèr gêdhe sapangkon, Saron sapangkon, Kêthuk. 1, Kênong 1, Kêmpul 1, Kêndhang 1, Kêcèr sapangkon utawa rong tangkêb.

Gamêlan (wayang purwa):

Gamêlan wayang purwa laras salendro, (= kalênengan) kacèke: 1. Kêndhang mung nganggo 1. 2. Tambah nganggo kêcèr 1.

Gamêlan (wayang gêdhog):

Gamêlan wayang gêdhog laras pelog (= kalênengan).kacêke: 1. Kêndhang mung nganggo 1. 2. Tambah nganggo kêcèr

--- 4 : 1818 ---

Gamêlan (laras):

Laras pelog iku wilahane pitu, kaya ta: 1. Panunggul, 2. Gulu, 3. Têngah, 4. Pelog, 5. Laras lima, 6. Laras nêm, 7. Barang.

Laras salendro iku wilahane lima, kaya ta: 1. Panunggul, utawa barang gêdhe, 2. Gulu, 3. Têngah, 4. Laras lima, 5. Laras nêm.

Panunggul cilik utawa laras barang, gêmbyangane panunggul, utawa barang gêdhe mau. Mungguh princèning laras kaya ing ngisor iki:

a. Bonang gêdhe wedokan, padhane dêmung, lanangan, saron barung. b. Bonang panêrus wedokan, padhane: saron barung, lanangan, saron panêrus. c. Gêndèr gêdhe kang saparo ngisor padhane: slênthêm, kang saparo dhuwur: saron barung. d. Gêndèr panêrus, kang saparo ngisor padhane: dêmung, kang saparo dhuwur: saron barung.

--- 4 : 1819 ---

e. Gambang, kang ngisor dhewe padhane: panunggul slênthêm, kang dhuwur dhewe: têngah panêrus, têngah-têngahe olèh dêmung karo saron barung. f. Kênong, padhane karo laras dêmung. g. Kêmpul, padhane karo laras slênthêm. h. Kêthuk, padhane karo laras slênthêm, utawa gulu dêmung. i. Kêmpyang, padhane karo laras barung. j. Kuk kêmong padhane karo laras dêmung. k. Clêmpung padhane karo laras gêndèr gêdhe. l. Rêbab padhane karo laras slênthêm. m. Gong gêdhe padhane karo gêmbyangane gêdhe slênthêm. n. Suling padhane karo gêmbyangane dêmung sarta barung.

Gamêlan (mardiswara):

Gamêlan Mardiswara iku yasane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. laras salendro sarta pelog, wujuding ricikane kaya ta: bonang, saron, kêthuk, kênong, gong sapanunggalane kadhapur wilahan gêndèr kabèh, sarta mawa brumbungan kayadene brumbunganing gêndèr, kang ginawe bêling gêlas, mung rêbab, gambang sarta kêndhang kang ora salin.

Gamêlan (Genootschap):

Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VII. yasa gamêlan salendro pelog, kapisungsungake marang ing Genootschap Batawi nalika taun 1757.

--- 4 : 1820 ---

Gamêlan Kw.:

tabuhan, wahnana,wahana. pradôngga, padhahi, mardangga, gôngsa D.N.K. 45-5 v.o. B.

Gêmolong:

zie abdi dalêm Sragèn letl.f.

Gêmpuran:

zie Senapati Ngalaga.

Gambuh I (têmbang têngahan):

i - o - a - a - a - a // 8 - 8 - 7 - 10 - 10 - 8

Voorb // Gambuh kapisan ing galih / dènnya kataman wirangwong / risang satriya tama / Jêng Pangran Arya Cakradiningrat / mangkya karya pangimuring brôngta / mangriptèng gita rumpaka //

Gambuh II:

(id) = Kênya Kadhiri. u - u - a - i - o // 8 - 8 - 12 - 8 - 8.

Voorb // Môngka purwakaning kidung / kadi ngêngudang dyah ayu / ingkang jinêmpana ing maruta manda / mandaya wèh tyas wiyadi / dumadya nglênglêng anglamong //

Gambuh III:

(id). i - o - u - a - a - a. // 8 - 8 - 12 - 6 - 7 - 7

Voorb // Mèh tar mèngêt ring dumadi / satriya tama tan pandon / amung ketang sang dyah kang akarya gandrung / sinamuring suka / lesan-lesan sanjata / mêksa kèksi kewala //

Gambuh IV:

(id). u - u - i - u - o // 7 - 10 - 12 - 8 - 8

--- 4 : 1821 ---

Voorb // Têmah mangu mangun kung / kawangkungên kongas ing tyas limut / lamat-lamat yayah mêmayat wiyati / sanggon-gon anggung anggandrung / kadrawasan rèh wirangrong //

Gambuh V:

(id) = Kadhiri Miring. u - a - i-u - i - u - o // 12 - 6 - 8 - 8 - 8 - 8

Voorb // Karungrungan rangu-rangu kapirangu / tansah ngêtab ngêsah / muwus wêwangson pribadi / dhuh hyang hyanging among tuwuh / paran dadining wiyadi / têka pijêr nora jujur / kajur kajuwaraning wong //

Gambuh VI:

(id) = Pamiwal kung. u - a - i - u - e // 8 - 8 - 9 - 8 - 12 .

Voorb // Sumbalinga awak ingsun / manawa ing têmbe ana / kang adadi usada brangti / sinduraning angga rapuh / yêkti marêm yèn umirib suwarnane //

Gambuh VII:

(id). u - u - i - u - o // 8 - 8 - 12 - 8 - 8

Voorb // Pangajapaning tyas limut / mung dumunung kang mawèh kung / bale atma sarojaning tunjung langit / yèn kangên arsa tumutur / paran margane kapanggoh //

Gambuh têgêse: lantèh, iku uran-uraning gandarwo, anggitane Pangeran Natapraja nalika jaman Mataram zie Dj.K.1900 no. 63.

Gambuh:

1. Jaksa Kyai Gambuh zie P.N. no. 43. 44 en zie P.B.II. 2. Bêksa gambuh, anggite Prabu PrabuKata Prabu dihilangkan satu. Kandhihawan, iya Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita, têgêse bêksa gambuh = bêksa rujuk, sinangkalan, dhuwuring gapura tanpa côndra (1090) Jimakir.

Gambar:

1. zie Srandu warôngka wêdhung. 2. zie srandu warôngka ladrang. 3. zie srandu warôngka gayaman.

Gambir:

1. Kw. warsiki, puspatigura. 2. Wangsalan Tjent. ingkang ati bigar = gambira

Gambiran (Kuthagêdhe):

pasarean. 1. Kyai Juru Kithing. 2. Pangeran Mandurarêja. 3. Pangeran Manduranagara. 4. Pangeran Bênawa, putra Sultan Pajang. 5. Kyai Cindhe Amoh putrane mantu Panêmbahan Juminah kang sumare ing Girilaya. 6. Radèn Tumênggung Dhadhaptulis. 7. Radèn Pabelan.

--- 4 : 1823 ---

Gêmbor:

zie Bagong

Gombor:

zie srandu kêbo sapi (pawakan).

Gêmobor:

zie wit (krambil).

Gambrêt (iwak kali):

wangsalan Tjent. kang bêsus ingundha.

Gambirsakêthi:

zie bathikan

Gambirsawit:

zie gêndhing.

Gumbrêg:

zie wuku.

Gêmbêl:

zie prabawa.

Gêmbili:

wangsalan Tjent. gêring pipi lêmu = gêmbil.

Gêmbili:

en gêmbolo. Gêmbili lan gêmbolo iku ditandur ana ing pakêbonan, dirambatake ing wit-witan, panandure ing môngsa katiga akir, yèn wis sataun didhudhuk, olèhe matêngi mung sarana digodhog, utawa mung dibênêm, rasane adhêm lêde lêgi, minôngka gajuling rijêki.

Gêmbili êmprit, wujude cilik. Gêmbili tropong, rada gêdhe. Gêmbili warak, gêdhe dhewe. Gêmbili wulung, wujude wulung têrus. Gêmbolo luwih gêdhe tinimbang gêmbili, zie. Br. 1908 no. 96.

Gêmblak:

zie abdi dalêm gêmblak (tukang kuningan).

Gêmblèng:

kagêmblèng (= kaprada). Kang aran wayang gêmblengan, iku kabèh wayang kang diprada awak lan paraupane.

Gêmbyangan:

araning ricikane gamêlan Kyai Mardyangga = carabalèn.

Gambang:

zie gamêlan (ricikan) letl. e.

Gambang:

zie gamêlan (laras) letl. e. Anane gambang saka anggit sarta yasane Panji Inokartapati [Ino...]

--- 4 : 1824 ---

[...kartapati] ing Jênggala, nalika taun 1131. zie Kartapati.

Gambang salukat:

zie gêndèr.

Gambang gôngsa:

Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.III. karsa yasa gambang gôngsa, sinangkalan: wêlut anglèng obahing bumi = 1693. Sengkalan: wêlut anglèng obahing bumi (1693 A.J., 1767/68 A.D.).

Gaga:

1. Tj.B. pamrih. 2. Kw. pasawahan.

Gêgê:

niet.

Gigi:

Tj.B. wêlak.

Gugu:

Tj.B. ingadil.

Gege:

niet.

Gogo:

K.N. amèk iwak kali.

Gêgêr:

1. Kw. adaddha, kriha, wugyatan, pêngkêran, gigir, 2. zie srandu ukiran., 3. zie srandu warangka wêdhung.

Gigir:

zie gêgêr.

Gègèr (wônda):

zie Baladewa.

Gègèr sore:

zie gend.

Gagar mayang:

zie kêmbar mayang.

Gagak:

1. Saka pangandikane Sri Paduka Maharaja Dewabudha (Bathara Guru) yèn wong katêkan gagak tansah muni, ngalamat bakal nêmu karusakan, utawa kasripahan P.R.I. 128 - 10.

2.a. Gagak kalawu nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngah sarta kidul. b. Gagak lurik, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngah, gagak iku dangingingdaginging. cucuke kang jêro kandêl sarta kuwat, mangan wowohan kang mawa cangkok, kaya ta: amandhêl sapapadhane, pamangane sarana diklêthak. c. Gagak jambul nêtês sarta dumunung ing tanah Prasman.

3. Gagak Kw. utpata, ajap-ajap, kagana, kangka, sawabukti.

4. Gagak-gagakan, wangsalan Tjent. kang pêksi langking. sobaksan Kw. = dhangdhang zie. D.N.K. 56 - 5 B.

--- 4 : 1825 ---

Pituture Sri Trênggana, putrine Prabu Brawijaya ing Majapait, kang murtat ing agama Islam, banjur mêrnyanyang ana ing alas Bago (Blitar) marang Jayèngrêsmi (Sèh Amongraga) yèn ana gagak muni saka:

Wetan, bêcik, ngalamat arêp kadhayohan para agung, pandhita utawa wong linuwih. Kidul wetan, bêcik, sabarang karya dadi. Kidul, bêcik, arêp kêtêkan rijêki. Kidul kulon, ala, arêp padu rêbut suwala. Kulon, bêcik, arêp rabi. Lor kulon, ala, arêp lara atine. Lor, ala, arêp kawirangan gêdhe. Lor wetan, bêcik, arêp katêkan sanak kadang kang omah adoh. Mencok ana ing wuwungan, unine alot, ala, arêp nêmu susah. Kang ginawe baku omah marêp mangidul. zie Tjent. I.

Gagakpranala:

patih adipati ... P.N. no. 25.

Gagakbahning:

patih ki tumênggung ... P.N. no. 33.

Gagakbahning:

pangeran K.G. no. 9.

--- 4 : 1826 ---

Gagatan:

wadana pamajêgan ing ...

1. Radèn Tumênggung Cakrawadana, mingsêr dadi bupati jaksa nama Radèn Tumênggung Kartawadana, sumare ing Ngampèl.

2. Radèn Tumênggung Bratadirêja, 3. Radèn Tumênggung Arungbinang ... sumare ing astana Gêmolong, (Sragèn).

4. Radèn Tumênggung Arungbinang.

--- 4 : 1827 ---

Gagatan:

zie abdi dalêm Bayalali letl.i.

Gêgêsan:

zie srandu kênong.

Gêgêl (padhalangan):

Wayang iku tangane ing pundhak lan ing sikut disopak, kancinge kang minôngka tutup ingaran: gêgêl, gêgêl iku kang digawe balung, utawa gadhing, sawênèh êmas, utawa salaka.

Ingkang Sinuhun Sumare Krapyak, karsa nganggit gêgêl kang ginawe bakal sungu kêbo bule.

Ingkang Sinuhun Sultan Agung, karsa nganggit gêgêl kang ginawe bakal sungu mênjangan sarta balung, nalika taun 1556.

Gogol:

iku pirantining prau.

Gigilan:

kyai agêng ... zie Tb. no.3.

Gêgaman:

zie gaman.

Gabahan:

zie mata no.1.

Gêbêr:

1. Kw. samir, dhindhing of dhingdhing, gubah. 2. zie aling-aling.

Gubar:

Têtêngêring prang ing jaman kuna ingaran: gubar, rupane sairib kaya bêndhe, nanging tanpa pêncu, zie kala.

Gubar:

Araning ricikane gamêlan Kyai Pradôngga.

Gobêt:

zie gêndhing.

--- 4 : 1828 ---

Gêbal (padhalangan):

Ing padhalangan nêmbungake: wayang digêbal, iku wayang dianyarake pulase manèh, sarana dilorod ing lôndha jangkang, yèn wis rêsik bali dadi wayang putihan manèh banjur dipulas.

Gubêl:

zie srandu kêbo sapi.

Gêblag:

zie Narayana.

Gobog:

zie srandu kêbo sapi.

Gathak:

zie abdi dalêm Surakarta letl.d.

Githok Kw.:

prastha, juluk, jitha, griwa.

Gathutkaca:

wandane kilat, (longok) guntur (tumungkul) busuk ( ) thathit (pajêg) gêlap ( ).

Gothang:

zie srandu kêbo sapi.

Gang Kw.:

nalika, rosa.

Gêng Kw.:

sêmu.

Ging:

niet.

Gung:

1 Kw. gêdhe, 2. zie dhatu (7).

Gèng:

niet.

Gong:

1. zie kênong. 2. zie gamêlan (ricikan). 3. zie gamêlan (laras). 4. = sauran zie lokanônta. 5. (Sakatèn irêngan). Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX. karsa yasa gong sakatèn irêngan, kang ingandikakakên anggarap Dêmang Gunapradôngga, nanging ora bêcik, dadi ora kagêm.

Gong:

maguru gôngsa, araning ricikane gamêlan Kyai Pradôngga.

Gangsir Kw.:

anggira, kintrangsa, makri, makrima.

Gangga warih:

zie banyu.

Ganggong:

zie gêndhing.

Gunggung:

(W.H.) têgêse: gêmblêng.

--- 4 : 1829 ---

...dua halaman kosong.

--- 4 : 1830 ---

Ganggong rindi:

zie bathikan.

Ganggong kanyut:

zie bathikan.

Ganggêng kanyut:

zie (katuranggan) pêkak letl.a.

Ganggong klanthe:

zie bathikan

Ganggong kapundhung:

zie bathikan

Ganggong sinapit:

zie bathikan

Ganggong sinimping:

zie bathikan

Genggong samaduna (katuranggan):

zie pêkak letl. c.

Genggong singadarpa (katuranggan):

zie pêkak letl.b.

Ganggong yujana:

zie bathikan.