Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Nga:

nga, aksara gorokan, zie ha

nga, aksara irung zie na

nga, lêlêt = lê ( la: dipêpêt) zie la, lê, sarta dadi ôngka loro (2)

panglingan: nga = 3 (nga, dipengkal) dadi ôngka têlu (3)

nga, dadi têngahaning pada, kaya ta: ...

pasangan nga kang tunggal lingga durung nêmu.

Nga:

niet.

Ngê:

niet.

Ngi:

Tj.B. wênang.

Ngu:

Tj.B. pêksa.

Nge:

niet.

Ngo:

niet.

Ngah:

1. Tj.B. pinta, Kw. cêgah.

Ngêh:

niet.

Ngih:

niet.

Nguh:

niet.

Ngèh:

Tj.B. mênga

Ngoh:

niet.

Ngaub wawar (ngaub sangisoring wit durèn alas):

Kalanturing pakêcapan dadi: ngaub bawar, utawa ngawug gawar, tinêgêsan: ngabuk-abuk, môngka têgêse: ngaub sangisoring durèn, ayube ora sapiraa tur mutawatir kêtiban durèn.

--- 4 : 1908 ---

Ngar:

Tj.B. agung.

Ngêr:

niet.

Ngir:

Tj.B. ukiran.

Ngur:

Tj.B. apralalu.

Ngèr:

1. Tj.B. nunggu, 2. Kw. nganti.

Ngor:

niet.

Ngra:

Tj.B. dhingin.

Ngrancang:

R.Wiradipura sumare ing Ngrancang.

Ngrêdên (Klathèn):

zie abdi dalêm Kalathèn letl.e. Ing ngisor iki pratelane kang sumare ing desa Ngrêdên:

1. Kyai Agêng Pruwita. 2. Nyai Agêng Pruwita. 3. Radèn Adipati Mataun§ Radèn Adipati Mataun, kang nêdhakake Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, iku sumare ing desa Majaranu (Bojanagara). 4. Radèn Arya Worawari. 5. Radèn Arya Dhadhaptulis II.

Kang ngaturi sadranan sabên Ruwah saka 1. Kapatihan. 2. Sêdhahmirahan. 3. Kabupatèn Pangrêmbe. 4. Kabupatèn pulisi Sragèn.

--- 4 : 1909 ---

Ngandong:

zie abdi dalêm Bayalali letl.c.

Ngèndhèn (Kartasura):

Kangjêng Pangeran Arya Yamawidura, putra dalêm P.B.IV, sumare ing kono.

Ngrèni:

zie bathikan.

Ngarêp:

zie abdi dalêm Gladhag.

Ngarêp kiwa:

zie abdi dalêm Kapatihan letl.a.

Ngarêp têngên:

zie abdi dalêm Kapatihan letl.b.

Ngrampal têngên:

zie abdi dalêm Sragèn letl.b.

Ngrômba:

zie abdi dalêm Sragèn letl.g.

Ngrèngkèl:

zie Bagong.

Ngudung:

sunan ... zie wali no.5.

Ngutêr:

zie abdi dalêm Pangrêmbe VII.

Ngutêr:

zie abdi dalêm Sukaharja letl.c.

Ngês (padhalangan):

Dhalang kang bisa gawe wêlas lan sêngsêm lamun ngucapake wayang pondhongan.

Ngês:

zie pamiluta.

Ngisa:

kangjêng nabi ...

1. Miyos taun 1 seda taun 33 D.K. 1907 no.88. 2. Ingkang yuswa 33 taun, kitab Ngarais blz. 267. 3. Ing ngisor iki dinane gêdhe bôngsa Kristên, kêna tinamtokake mangkene:

a. Tanggal ping 25 Dhesèmbêr, dina wiyosane KangjêngDilanjutkan pada hal. 1917.

--- 4 : 1910 ---

Ngèlmu:

[Dhandhanggula]

ana kidung kang sêkar artati / sapa wruha rêke araningwang / duk ingsun ana ing ngare / nalika rarèn ingsun / Ki Sawurti lan Ki Samurti / ngalih aran ping tiga / arta daya tèngsun / duk ingsun maksih jêjaka / Ki Artati: ing mangke tuwa sun iki / sapa wruh araningwang //

--- 4 : 1911 ---

ana pandhita akarya wangsit / pindha kombang mangajap ing tawang / susuh angin ngêndi gone / lawan galihing kangkung / wêkasane langit jaladri / isine wuluh wongwang / myang gigiring punglu / tapake kontul anglayang / manuk mibêr: uluke ngungkuli langit / kusumanjrah ing tawang //

ngambil banyu apikulan warih / amèk gêni lawan adêdamar / kodhok angêmuli lènge / tuwin kang banyu kinum / myang dahana murub binasmi / bumi pinêtak ingkang / pawana tiniyub /§ Kayu gurda rumambat ing wit sèmbukan, rôngka manjing curiga. tanggal pisan kapurnaman / yèn anênun sêntèg pisan anigasi / kudangrap ing pandêngan //

1. Eka tunggal, kudangkuda. ngrap ing pandêngan. 2. Dwi loro, kang kombang anglèng ing tawang. 3. Tri têtêlu, sapi nusu mring pêdhète. 4. Catur papat, warsita sumêngkèng arga. 5. Pônca lima, baita amot samodra. 6. Sad nênêm, wêlut ngêlèng anèng parang. 7. Sapta pitu, wong ngangsu pikulan warih. 8. Astha wolu, amèk gêni adêdamar. 9. Nawa sanga, jroning pêtêng ana padhang. 10. Dasa puluh, ungsume wastra gumêlar.

zie parimbon and. Majoor R.T. Jayaningrat = K.R.A. Sasranagara.

--- 4 : 1912 ---

Ngèlmu:

[Dhandhanggula]

sipat iman wa mantu billahi / têgêsipun: pracaya ing Allah / nora na Pangeran manèh / amung Allah kang agung / nanging tunggal datan kêkalih / Hyang Suksma sipatira / purba sih andulu / môngka suci sipatira / angasihi têtulung agung rijêki / aniksa angapura //

kaping kalih: wa malekatihi / têgêsipun: pracayèng malekat / tan jalu èstri jatine / tan sahwat tan anêpsu / nanging tunggal karyanya muji / wênèh ananggung aras / bôngsa rohkani yun / malekat ingkang Mukharam / Jabarail, Mingkail lawan Israpil / Ngijrail kang utusan //

kaping tigane: wakutubihi / têgêsipun: pracaya ing kitab / kang tinurunakên rêke / satus papat gungipun / Nabi Adam sinung kariyin / sadasa kathahira / Nabi Sis puniku / tinurunan sèkêt kitab / Nabi EdrasEdris. sinung tigang dasa nênggih / Nabi Brahim sadasa //

nurunakên malih Mahasuci / Torèt pinaringkên Nabi Mungsa / Injil Nabi Ngisa rêke / Jabur pan Nabi Dawud / kitab Kur'an Nabi sinêlir / Mukhammad Rasulullah / anênggih panutup / apan sakathahing kitab / anakini sakèhe kitab kariyin / kabèh wus sinalinan //

kaping pate: ya warusulihi / têgêsipun: pracayèng utusan / beda-beda sarengate / Adam lan Nabi Ênuh / Nabi Mungsa Ngisa pituwin / Ibrahim lan Mukhammad / nabi kang ingutus / tiga wêlas pakumpulan / nabi kabèh cacahe apan sakêthi / kawan èwu rong lêksa //

kaping lima: walyomil akiri / têgêsipun: pracayèng kiyamat / wêkasaning dina kabèh / bumi langit ginulung / sakèh ingkang urip wus mati / mangke kinira-kira / ing dina akumpul / dinane apêpisahan / apracaya sawênèh anèng yumani / sawênèh anèng swarga //

kaping nême:

--- 4 : 1913 ---

wa kadhra karihi / têgêsipun: pracayèng ukuran / animbang ala bêcike / pasthining lokilmakpul / datan gingsir janjinirèki / sami angèstokêna / utawi mituhu / janjining swarga naraka / kang dèn idhêp sawênèh ana yumani / sawênèh ana swarga //

--- 4 : 1914 ---

[Asmaradana]

pênjalin tulis ros langking (tingal) / trate pita ing dharatan (Burbanagara) / dhuh tingalana ragane / yèn kapurba ing Pangeran / obor têgal siluman (kêmamang) / palêstanirèng pangapus (wêkasan) / aywa mamang anèng dunya //

yèn urip wêkasan pati / sandhang lawe môngsa wohan (linglingan) / dening patrine wong pandhe (pijêr) / ling-lingên sariranira / ywa pijêr ngujar-ujar / ya Allahu kontul biru (cangak) / dêruk seta ing Bênggala (putêr) //

cêngak-cêngèk lir rarya lit / nora pintêr anèng dunya / mênyan seta upamane (tawas) / ya illahi jênu tawa (tungkul) / tiwase uripira / pan katungkul lura-luru / dening sasmitaning netra (ulat) //

dodotane wong pawèstri (sampur) / ngulatana ingkang nyata / sampurnaning ngèlmu kabèh / anggêmêti kêkeceran (eman) / kalasa jinamang bang (bôngka) / eman-eman wong tumuwuh / yèn kalakon mati bôngka //

gudhe pandhak (apa-apa) wong ngaurip / prajane kuranji ika? / krondhahan papa têmahe / puspa ranu (tunjung) ya hu Allah / wêcaning pra pujôngga (tuwuh) / uripira anglir tunjung / atuwuh tanpa salaga //

wong têtanya wusing kardi (dadi) / sapa dadèkakên sira / pêksi krêndha (sandhanglawe) lae-lae / dewa nataning gambira ? / sabdaning guru nyata (dadi) / dadi lawan dhèwèkipun / sasana juluk satriya (ngêndi gonmu) //

ngêndi gon pangrasanèki / brakutut gung (dêrkuku) ya hu Allah / kang pêtis cinandu raos (kecap) / iya iku lairêna / ingkang ngucap lan sira / patanyan gambirèng kutuk (molah) / sapa molahakên sira //

sawo sêmpal (kari wite) saupami / surya latri giwangkara (grahana) / saking ora wiwitane / mula ingsun dadi ana / lêlungan wusing gêsang (lampus) / ngêndi parane yèn lampus / tapas arèn (duk) ya hu Allah //

lata pindha buntal adi (cêmara) / ulih mara pan waluya / mulya kadya duk norane / sana prabu (jro) kunir pita (têmu) / jro pati nêmu apa /

--- 4 : 1915 ---

pangantèn lagya pinagut (têmu) / juluke putrèng Jênggala (Kartapati) //

dene jroning pati iki / nora nêmu paran-paran / kang guladrawa (gulali) dhuh lae / nata Yêksa Purubaya (tutuka = Gathutkaca) / wuta tuli mukanya / bisu tan pêgat amuwus / lae ngêndi goning Suksma //

kang tata prana (ati tinata) (cipta) upami / pratapane Sang Rahwana ? / ananing Hyang sayêktine / anglindhung ana ing cipta / srêngenge wus gumiwang (lingsir) / mênyan seta (tawas) pan kadulu / ywa gingsir mawas kang nyata //

kang pari lagya kumêmping (tumungkul) / parentah undhang prayoga (tatakrama) / katungkul tatakramane / parang muka (irung) ya hu Allah / sela ginêni ara (sela ingobong) (rêmpu) / badan rêmpu pujinipun / kalurung tambuh parannya //

pawijilan cacad ragi ? / kang tan mêtu marga ina ? / wisangkara upamane ? / kang gêbang paniwêr wana ? / kalamun kababara / ing wuwus tanpa gaweku / ya hu Allah jambu alas (klampok) //

jêmpana kang munggèng èsthi (palana) / aja kapok alêlana / teja muka (cahya) kramèng Katong (Ingsun) / kumingsun kurang pracaya / putra ing Lesanpura (Sêtyaki) / rêca kayu kang pinatut (golèk) / golèka ujar kang sêtya //

toya reka ya illahi ? / intên Dèwi Dêrsanala ? / mêtua gêni ujare / ing tutuk môngsa kandêla / kawuk citra (salira) upama / kulampis seta ? (pilang) tan rikuh / kawilang dening salira //

Tjent. pangantèn. (Nalika diundhuh ing omahe Jayèngraga).

--- 4 : 1916 ---

...

--- 4 : 1917 ---

Ngisa:Kelanjutan dari hal. 1909.

kangjêng nabi ...

Nabi Ngisa roh kullah, ajêg tibane sabên taun.

b. Sedane Kangjêng Nabi Ngisa nuju dina Jumungah sadurunge pasên (Jumungah miyos, Ngahad pasên). c. Pasên, iku wungune Kangjêng Nabi Ngisa saka seda, nuju dina Ngahad sawise tanggal ping 21 Marêt, kang ambênêri rêmbulan purnama utawa luwih. d. Mekrade Kangjêng Nabi Ngisa, iku ambênêri patang puluhing dina pasên, dadi mêsthi tiba ing dina Kêmis. e. Pingstêr, tumêdhake roh suci marang para sakabate Kangjêng Nabi Ngisa, iku ambênêri sèkêt dinaning pasên, dadi mêsthi tiba ing dina Ngahad. 4. zie brahat letl.j.

Ngasura:

zie brahat no.1 en 2

Ngastina:

1. Kang jumênêng nata ing Ngastina. a. Prabu Palasara sinangkalan: sirna ilanging swara (700) Ehe. b. Prabu Krêsnadipayana (Abyasa) sinangkalan: panêmbahing wong pitu (712) Be. c. Prabu Pandhu Dewanata, sinangkalan: gapura siji anywara (719) Dal. d. Prabu Dhêstharata, sinangkalan: amisaya bujaning pandhita (725) Jimawal. e. Prabu Kurupati, Prabu Suyudana, Prabu Duryudana, R. Jayapitana, sinangkalan: salira sinêmbah ing pandhita (728) Be. f. Prabu Yudhisthira, Prabu Darmaputra, R. Puntadewa bubar prang Bratayuda, sinangkalan: salira warnaning suka (748) Ehe. g. Prabu Krêsnadipayana, R. Parikêsit, rupaning buta pêpitu (751) Dal. h. Prabu Yudayana, sinangkalan: mantri wolu umatur (783) Dal. i. Prabu Gêndrayana, sinangkalan: warna anrusing swara (794) Jimakir.

2. = Pakalongan T.P. 1905 no.136.

Ngawin:

zie abdi dalêm kadipatèn letl.p.

Ngawin:

zie abdi dalêm kapatihan letl.e.

Ngawin:

' = ngampil.

Ngawantipura:

' = Pajang zie P.N.no.32.

Ngawôngga:

1. Kang jumênêng ratu ing Ngawôngga, Adipati Karna R. Suryaputra, sinangkalan: anrus panêmbahing pandhita (729) Wawu. 2. Ngawôngga = Ngwôngga (Klathèn) T.P. 1905 no.136. 3. Patih Adipati Ngawôngga zie P.N.no.32.

Ngêlèh Kw.:

angli, nastapa, luwe, lapa D.N.K. niet.

Ngulandara:

(W.H.) Saka ing têmbung Sangkrita: kalandara, têgêse: ngawula awang-awang, iya iku wong tanpa pacanthelan, utawa tambang papantean (= parantean) têgêse: tanpa ênggon Spraakkunst.

Wong ngulandara sabên dina wiyosan dalêm kaparingan dana arta boga, sarta kalilan ngupajiwa ambêbarang.

Ngèlmu:

zie wirit.

--- 4 : 1918 ---

Ngulama:

zie abdi dalêm wadon no.33.

Nglambrang:

(W.H.) têgêse: wong nglêmbara, iya iku wong lunga nyambut gawe saparan-paran. Wong nglambrang sabên dina wiyosan dalêm kaparingan dana arta boga sarta kalilan ngupajiwa ambêbarang.

Ngalaga:

Ingkang sinuhun ... = Pangeran Pugêr = P.B.I. zie P.N.no.38.

Ngaplak nangkêp (têmbung minggiran):

Ngarani lakuning prau slewang- slèwèng = ngaplak nangkêp.

Ngaji:

Slamêtan kang tinutur, bocah ngaji amrih gangsaripun, tutug lam ya kunil sidêkahe inthil, ekrak, opak, kulhu, sêkul, idajaa iku jongkong // Tjent. Pangant.

Ngayogyakarta:

1. Ing ngisor iki asmane para ratu ing Ngayogyakarta: a. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B.I. jumênênge nalika paron nagara, sinangkalan: aningali salira rasa tunggal (1682)Sengkalan: aningali salira rasa tunggal (1682 A.J., 1756/57 A.D.). Je. b. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B.II. jumênêng taun 1718, kendhang taun 1738. c. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B.III. 1739. d. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B.IV. 1741. e. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B.V. 1750. f. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B.VI. 1783. g. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B.VII. 1806. zie Mêngkubuwana.

Ngayogya:

Radèn bagus ... zie K.g.no.65.

Ngam:

kasa en kawas ?.

Ngamarta:

1. Kang jumênêng Ratu Prabu Yudhisthira, sinangkalan: malêtik gunaning pandhita (730) Jimakir. 2. Susuhunan: Ngamarta zie Demk. no.6. (pasarean kuna, sawênèh ana kang ngarani pasarean Buda). 3. Ngamarta = Bagêlèn T.P.1905. no.136.

Ngampir buta (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris ngampir buta luk 17 kêmbang kacang, lambelambe gajah. siji, grènèng.

Ngampil:

zie upacara letl.f. tumbak.

Ngampil:

zie abdi dalêm wadon no.8.

Ngampèl:

zie abdi dalêm Bayalali letl.d.

Ngêmplak:

1. zie abdi dalêm Surakarta letl.d. 2. zie Sel no. 17.

Ngampèldênta:

sinuhun ... 1. zie laku (padhalangan). 2. zie wali no.1.

3. Pasarean, 1. Sunan Ngampèldênta 2 t/m 14 para sakabat.

Ngampil priyantaka:

zie abdi dalêm kaparak têngên no. 13.

--- 4 : 1919 ---

Ngimagiri:

pasarean.

Kadhaton I.

1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung. 2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat (Kartasura). 3. Kangjêng Pangeran Balitar. 4. Kangjêng Ratu Kulon, maune nama Radèn Ayu Wetan, saka ing Batang garwa no. 1. 5. Kangjêng Ratu Surabaya. 6. Kangjêng Ratu Mas. 7. Kangjêng Ratu Wandhan. 8. t/m 18 para putra. 19. Kangjêng Pangeran Cakraningrat. 20. Kangjêng Pangeran Adinagara. 21. Tumênggung Tohjaya. 22. Kyai Mulwa. 23. Kyai Rêpêt. 24. Pangulu Sokadana. 25. Pangulu Kaloran. 26. Ora ana kang sumurup. 27 t/m. 30 para putra. 31. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas, sumarenipun amarêngi taun Jimawal 1661. 32. Kangjêng Pangeran Jayakusuma. 33. Kangjêng Pangeran Balitar. 34.Kangjêng Pangeran Martasari. 35. Kangjêng Pangeran Citrasari.

--- 4 : 1920 ---

36. Kangjêng Pangeran Wanasari. 37. Kangjêng Pangeran Yahyana. 38. Kangjêng Pangeran Martasana. 39. Kangjêng Pangeran Singasari. 40. Kangjêng Pangeran Alit. 41. Kangjêng Pangeran Cakraningrat. 42. Ki Ganusèn. 43. Ki Tanu. 44. Suranagara tapa. 45. Suranagara nom. 46. Ki Sênèpi. 47. Tumênggung Singaranu. 48 t/m 50 para putra. 51. Kangjêng Pangeran Buminata. 52. Kangjêng Ratu Mangkurat. 53. Radèn Ayu Danurêja. 54. Kangjêng Pangeran Singasari. 55. Kangjêng Ratu Plabuhan.

Kadhaton II. 56 = 1 Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana I. 57 = 2 Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat. 58 = 3 Kangjêng Ratu Kêncana saka ing Kudus garwa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat. 59 = 4 Kangjêng Sultan Balitar.

--- 4 : 1921 ---

60 = 5 Kangjêng Pangeran Panular. 61 = 6 Kangjêng Pangeran Purbaya putra P.B.I. 62 = 7 garwa Kangjêng Pangeran Purbaya. 63 = 8 Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II. 64 = 9 Garwa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan nama Kangjêng Ratu Mas, putra no. 61 = 6. 65 = 10 Kangjêng Ratu Madurêtna, putra Pra. M. krama Madura P. Cakraningrat, seda mukti. 66 = 11 Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing Ngayogya, putra M.B.I. 67 = 12. Gusti Sunan Panêmbahan Èrucakra. 68. = 13. Gusti Pangeran Arya, putra Prab. M. 69. = 14. Garwa Gusti Pangeran Arya. 70. = 15. Kangjêng Ratu Pangantèn. 71. = 16. Radèn Ayu Sulbiyah. 72. = 17. Radèn Ayu Suwiyah. 73. = 18. t/m 24. para putra. 80. = 25. Radèn Ayu Klenthang. 81. = 26. Radèn Ayu Singasari. 82. = 27. Pangeran Surabaya. 83. = 28. Pangeran Balitar. 84. = 29. Pangeran Ngabèi. 85. = 30. Garwa Pangeran Ngabèi. 86. = 31. Radèn Ayu Singaranu. 87. = 32. Garwa Radèn Ayu Singaranu. 88. = 33. Sêla, Sêkaran rusak.

--- 4 : 1922 ---

89. = 34. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya. 90. = 35. Kangjêng Pangeran Prabu Prangwadana. 91. = 36. Kangjêng Pangeran Mangkukusuma. 92. = 37. Kangjêng Pangeran Pancuran.

Kadhaton III. 93. = 1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III. 94. = 2. Kangjêng Ratu Kêncana (Bêruk) garwa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III. 95. = 3. Radèn Ayu Giri ingkang bibi P.B. II. 96. = 4. Radèn Ayu Agêng, putra Prab. M. 97. = 5. Kangjêng Ratu Mas, garwa kaping V. putri Jayaningratan. 98. = 6. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V. 99. = 7. Kangjêng Ratu Kêncana, nama Kangjêng Ratu Agêng saka Kusumadiningratan, garwa kaping V. 100. = 8. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV. 101. = 9. Kangjêng Ratu Pambayun. 102. = 10. Kangjêng Ratu Kêncana saka Kusumadiningratan, garwa kaping V. 103. = 11. Kangjêng Ratu Mas, saka Purbayan, garwa saking ?. 104. = 12. Kangjêng Ratu Madurêtna putra kaping III. 105. = 13. Radèn Ayu Mangkudiningrat, putra kaping IV. 106. = 14. Radèn Ayu Mangkubumi têngah, garwa M.B. Kendhang. 107. = 15. Radèn Ayu Agêng, putra kaping III. 108. = 16. Radèn Ayu Jayaningrat, putra kaping IV. ingkang eyang Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. 109. = 17. Kangjêng Pangeran Danupaya. 110. = 18. Radèn Ayu Mangkupraja.

--- 4 : 1923 ---

111. = 19. Kangjêng Pangeran Angabèi, putra kaping III. 112. = 20. Kangjêng Pangeran Purbaya, putra kaping II. 113. = 21. Radèn Ayu Sasrawijaya = Mangkupraja putra kaping III. garwa patih. 114. = 22. Kangjêng Ratu Madurêtna. 115. = 23. Radèn Ayu Mandurarêja. 116. = 24. Radèn Ayu Puspadiningrat. 117. = 25. Kangjêng Ratu Kudus, putra kaping III. 118. = 26 Radèn Ayu Wiryadiningrat, putra kaping III. 119. = 27. Radèn Ayu Ngabèi Padmadipura = Padmanagara, putra kaping III. 120. = 28. Kangjêng Pangeran Dipanagara, putra kaping III. 121. = 29. Radèn Ayu Jayaningrat, putra kaping III. garwa patih. 122. = 30. Radèn Ayu Bratajaya, putra kaping IV. 123. = 31. Radèn Ayu Padmadipura, putra kaping IV. 124. = 32. Kangjêng Pangeran Mangkudiningrat, putra M.B. Kendhang. 125. = 33. Kangjêng Pangeran Adinagara, putra kaping III. 126. = 34. Kangjêng Pangeran Panêmbahan Buminata, putra kaping III. 127. = 35. Kangjêng Ratu Purba, putra kaping III. 128. = 36. Radèn Ayu Danuningrat, putra kaping III. 129. = 37. Kangjêng Pangeran Singasari, putra kaping III. 130. = 38. Kangjêng Pangeran Panular, putra kaping III. 131. = 39. Kangjêng Pangeran Jayakusuma, putra kaping IV. 132. = 40. Kangjêng Pangeran Kusumayuda, putra kaping IV. 133. = 41. Radèn Ayu Kusumayuda, putra M.B. Kendhang.

--- 4 : 1924 ---

134. = 42. Kangjêng Pangeran Natapura, putra kaping IV. 135. = 43. Radèn Ayu Jayadiningrat, putra kaping IV. 136. = 44. Kangjêng Pangeran Danupaya, putra kaping IV. 137. = 45. Kangjêng Pangeran Balitar, putra kaping IV. 138. = 46. Kangjêng Pangeran Jatikusuma, putra kaping IV. 139. = 47. Radèn Ayu Padmadipura. 140. = 48. Radèn Ayu Sasradiningrat, putra kaping IV. garwa sumare Jabung. 141. = 49. Kangjêng Pangeran Natabrata, putra kaping IV. 142. = 50. Radèn Ayu Têngah. 143. = 51. Kangjêng Pangeran Jayakusuma, putra kaping IV. 144. = 52. Radèn Ayu Brôntakusuma, putra kaping IV. 145. = 53. Radèn Ajêng Adawiyah, putra kaping IV. 146. = 54. Radèn Mas Badarussamsi, putra kaping IV. 147. = 55. Radèn Ajêng Panênggak, putra kaping IV. seda loloh. 148. = 56. Radèn Ayu Dipawinata, putra kaping V. 149. = 57. Kangjêng Pangeran Suryabrata, putra kaping V. 150. = 58. Radèn Ajêng Mênthik, putra kaping VI. 151. = 59. Radèn Mas Sukasna. 152. = 60. Radèn Ayu Prawirawinata, putra kaping V. 153. = 61. Kangjêng Pangeran Cakrakusuma, kêkasih P.B. IV. buyut Prab. M. 154. = 62. Radèn Ayu Prawirabrata, putra kaping IV. 155. = 63. Radèn Ayu Suryabrata, putra bayunan, wayah kaping IV. 156. = 64. Radèn Ayu Sindusena, putra kaping V.

--- 4 : 1925 ---

157. = 65. Radèn Tumênggung Suradilaga, kang rayi Kangjêng Ratu Kêncana III. (Bêruk). 158. = 66. Mas Ayu Sêcawati = Tapati, palihan kaping IV. 159. = 67. Nyai Im. 160. = 68. Kangjêng Pangeran Pringgakusuma, putra kaping V. 161. = 69. Radèn Ayu Nataatmaja, putra kaping V. 162. = 70. Radèn Ayu Yudawinata, putra kaping V. 163. = 71. Kangjêng Pangeran Natabrata, putra kaping V. 164. = 72. Kangjêng Pangeran Kusumabrata, putra kaping V. 165. = 73. Kangjêng Pangeran Sôntakusuma, putra kaping V. 166. = 74. Radèn Ayu Adiwinata, putra kaping V. 167. = 75. Radèn Ayu Natapura. 168. = 76. Kangjêng Pangeran Suryadipura, putra kaping V. 169. = 77. Kangjêng Pangeran Sindusena, putra kaping V. 170. = 78. Lorodan sêkaran. 171. = 79. Radèn Ayu Kusumabrata, putra kaping VI. 172. = 80. Radèn Ayu Adipati Sasradiningrat = Anggèr, garwa sumare Magiri. 173. = 81. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. 174. = 82. Radèn Ayu Suryadipura, putra kaping IX. 175. = 83. Kangjêng Pangeran Anyakrakusuma, putra kaping IX. 176. = 84. Radèn Ayu Bratakusuma, putra kaping IX. 177. = 85. Radèn Ajêng Siti Sutati, putra kaping IX. 178. = 86. Kangjêng Pangeran Anyakraningrat, putra kaping IX. 179. = 87. Radèn Ajêng Siti Sudarmi, putra kaping IX.

--- 4 : 1926 ---

180. = 88. Radèn Ayu Prawirakusuma sêpuh. 181. = 89. Radèn Mas Arya Prawirakusuma, putra M.B. kendhang. 182. = 90. Radèn Mas Panji Suryasaputra, wayah M.B. kendhang. 183. = 91. t/m 96. para putra. 188. = 97. Radèn Ayu Prawirakusuma nèm. 189. = 98. Radèn Ngabèi Mangkuwijaya, sadulur ôngka 182 = 90. 190. = 99. Putra.

Kadhaton IV.

191. = 1. Radèn Ayu Mangkubumi sêpuh, garwa M.Boemi kendhang. 192. = 2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VIII. 193. = 3. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VII. 194. = 4. Kangjêng Ratu Pakubuwana garwa kaping VII, saka Madura. 195. = 5. Kangjêng Ratu Kêncanawungu garwa kaping VIII, putra M.Boemi. kendhang garwa no. 191 = 1. 196. = 6. Radèn Ayu Suryadiningrat, putra kaping VII. 197. = 7. Kangjêng Ratu Kadhaton, putra kaping VIII, tilas garwa kaping VI. 198. = 8. Kangjêng Pangeran Arya Natapraja, putra kaping VI. 199. = 9. Kangjêng Ratu Bêndara, putra kaping VIII. 200. = 10. Kangjêng Pangeran Mangkubumi, putra M.Boemi kendhang. 201. = 11. Kangjêng Pangeran Panji Priyêmbada, putra kaping IV. 202. = 12. Radèn Ayu Mangkuyuda. 203. = 13. Radèn Ayu Cakradiningrat, putra kaping VI. 204. = 14. Papan kula ?. 205. = 15. Pringgitan isih sêla. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya, putra bêndaran, wayah kaping VIII. Radèn Ayu Jatisupadma wahdat, putra Jatikusuman I, wayah kaping IV.

--- 4 : 1927 ---

206. = 16. Kangjêng Ratu Pakubuwana: garwa P.B. IX. 207. = 17. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX. 208. = 18. Kangjêng Ratu Agêng garwa P.B. VI. 209. = 19. Kangjêng Ratu Timur putra P.B. VI. 210. = 20. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat, putra P.B.VI. 211. = 21. Radèn Ayu Wiryadiningrat, putra P.B.VI. 212. = 22. Radèn Ayu Mandayaprana priyayi dalêm P.B. IX. 213. = 23. Radèn Ajêng Siti Ruwiyah putra dalêm P.B. IX. 214. = 24. Radèn Ajêng Suimah putra dalêm P.B. IX. 215. = 25. Radèn Ayu Prawirakusuma, putra Riya Atmajan, wayah kaping V. 216. = 26. Radèn Ayu Prawiratênaya. 217. = 27. Radèn Ayu Bratajaya, putra P.B. IX. 218. = 28. Radèn Ayu Makukusuma,Mangkukusuma. putra P.B. IX. 219. = 29. Kangjêng Pangeran Arya Sôntakusuma, putra P.B. IX

--- 4 : 1928 ---

Ngimagiri:

bupati ... Ing ngandhap punika sajarahipun bupati jurukunci ing Ngimagiri.

1. Kyai Wirasasmita, sumare dhusun Gambiran (Ngayugyakarta). 2. Kyai Wirakusuma kaping 1 / Sapèn / sumare dhusun Kênyaèn Ngimagiri Surakarta. 3. Kyai Wirakusuma kaping 2 / Dêmung / sumare dhusun Kênyaèn Ngimagiri Surakarta. 4. Kyai Wirakusuma kaping 3 / Mêngguk / sumare dhusun Kênyaèn Ngimagiri Surakarta. 5. Kyai Wirakusuma kaping 4 / Pangantèn / sumare dhusun Kênyaèn Ngimagiri Surakarta. 6. Kyai Wirakusuma kaping 5 / Agêng / sumare dhusun Kênyaèn Ngimagiri Surakarta. 7. Kyai Wirakusuma kaping 6 / Gabug / sumare pasarean Nglawiyan Surakarta. 8. Radèn Mas Arya Prawirakusuma kaping 7, sumare palataran Srimanganti Pakubuwanan kaping III, Ngimagiri Surakarta. 9. Radèn Mas Arya Prawirakusuma kaping 8, sumare ing ngêrdi Tilamsari / Ngimagiri /. 10. Radèn Mas Arya Prawirakusuma kaping 9, sumare palataran Srimanganti Pakubuwanan kaping VII. Ngimagiri Surakarta. 11. Radèn Mas Arya Suryadiningrat, mantu dalêm P.B. X. 12. Radèn Mas Arya Côndranagara, mantu dalêm P.B. IX.

Ngêmbang:

zie abdi dalêm bupati gêdhong têngên.

Ngabèi:

Pa ... zie Img. no. 84.

2. Ingkang garwa zie Img. no. 85. 3. Pa, Ngabèi zie Img. no. 111.

--- 4 : 1929 ---

Ngabdul Rahman:

Radèn Mas ... zie K.L. no. 7.

Ngabdul Jalit:

Pangulu Imam ... zie P.N. no. 33.

Ngabdul Kadir:

Kyai Kaji ... zie M.H. no. 1

--- 4 : 1930 ---

Nganga:

1. Tj.B. Pininta, 2. Kw. samubarang.

Ngêngê:

niet.

Ngingi:

1. Tj.B. atis, 2. Kw. anggodha.

Ngungu:

Tj.B. kedanan.

Ngenge:

niet.

Ngongo:

niet.

Ngèngèh:

Wong ora tau ngengehan, kaya ta: nutu ora tinggal pari ing lêsung sapêpadhane, ora ilok, dadi pangane Bathara Kala.

...Terdapat 5 halaman kosong.