Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Canthang Balung, Adiwijaya, 1953, #338

Katalog:Canthang Balung, Adiwijaja, 1953, #338
Sambung:
1.Canthang Balung, Adiwijaya, 1953, #338. Arsip dan Sejarah | Galeri #810.
2.Canthang Balung, Adiwijaya, 1953, #338. Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #69.

CANTHANG BALUNG

--- 0 ---

Sêsorahipun Pangarsa Pahêman Radyapustaka "G.P.H. Hadiwidjojo" wontên ing Walidyasana marêngi ing dintên Rêbo sontên kaping 11 Februari 1953 mawi dipun machnetofe dening R.R.I Pusat.

--- 0 ---

Nuwun Pangarsa, Sadhèrèk.

Anggèn kula ngêdali bab cb.cb = Canthang Balung (dan di tempat lain). punika ing pamanah mupung taksih tiyangipun, ewon taksih pêpak prabotipun, taksih kathah ingkang manoni, gampil anggèn kula mamèrakên dhatêng ingkang dèrèng wuninga. Yèn ta kula sumênèkakên, sandeyaning manah bokmanawi katriwal, saèstu kecalan obor.

Kosokwangsul inggih radi mangu-mangu dening sajak sampun botên njaman. Nanging rèhne punika kula manah pênting, bokmanawi kenging kangge prabot panyinau sêjarah kabudayan, adrênging manah nêmpuh byat botên ketang ingèsêman ing akathah.

Pangintên kula cb punika functie (padamêlan) kalih. Angsal-angsalaning panyinau kula sawêg pinanggih satunggal; sanèsipun kula sumanggakakên ingkang kaparêng nglajêngakên.

--- 1 ---

CANTHANG BALUNG

Parêpatan ingkang minulya.

Ki Gunalêlewa Ki Sukalêlewa punika abdi dlmdlm = dalêm (dan di tempat lain). lurah "badhut" kiwa-têngên, kala têngah-têngahaning jumênêng dlm kp.kp. = kaping (dan di tempat lain). X kasantunan aran abdi dlm "kridhastama": kridha = ulah, astama = bingah, kanthi kawêwahan jajar 2 amung kangge andungan, ingkang majêng = optreden namung ajêg sarakit botên nate langkung, botên nate ijèn. Nanging karanipun canthang balung, kabêgta saking namaning pirantosipun njogèd "gajah ngombe", warni kêpyak alit balung sap 4 = castagnet kados ingkang kangge Spaanse dansen Boloro lan Fadango. Castagnet wau ugi winastan calapita. Murih gampil panyêbut kula mangke lastantun cb.

Kinanipun cb punika lurah tlèdhèk + kupu malem sa' bawah dlm wiwit Gladhag; lèr margi sapangalèr sapangilèn dumugi watês Sêmarang - Kêdhu Ki Sukalêlewa griya Kêmlayan lèr, kidul margi sapangidul sapangilèn dumugi watês Ngajogya-Kedu Ki Gunalêlewa, griya ing Ringin-kêmbar, samangke klêbêt Kêmlayan-kidul. Paring dlm têdha kajawi sabin, kawênangakên mupu pajêg "pajuwehan": i.p.i.p. = inggih punika (da di tempat lain). sabageaning pamêdalipun klerehanipun; wontên ingkang mastani pajêg panggautan. Dene minangka têtêngêr pakartinipun kaparingan embleem ing capipun pêpêthan "baga-purus" = lingga-yoni, jejeran wangun pajalêran = lingga malih. Embbleemipun wau kula nate sumêrêp sampun kacapakên ing piagêming bêkêlipun, ning jejeran sampun botên mêningi.

Gambaripun cb para sdrsdr = sêdhèrèk (dan di tempat lain). SLSL = Sukalêlewa (dan di tempat lain). ingkang sêpuh-sêpuh botên kakilapan, nanging saking kêrêpipun manoni, kula purun totohan tamtu botên karèwès. Limrah. Prasajanipun kula piyambak inggih makatên, kula sapèlèkakên sagala-galanya. Sampuna dipun gigah, dipun oyog-oyog mitra ingkang nyinau agami Buda sa-kabudayanipun ing Indonesia.

Sarêng kula sampun nglilir, pancadriya sampun mêrtasami, kula makatên, jêbul istimewa sayêktos. Dede badhut, dede panjak, dede soyi, dede iets alledaags, iets heiligs wontên kalanipun botên kenging pinisah kalihan rangkenipun "arak-arakan agami" = religieuse precessie. Cobi kagrêjah satunggal-satunggal kawiwitan saking têgêsipun cb.

1. Bausastra kawi-jarwa C.F. Winter: canthang = kêprak.

2. Bausastra Jawi-Walandi J.F.C. Gericke-T, Roorda:

a. canthang kw zva kêprak, Wk kn brandstrooce om een slapende wakker te schrikken,

b. canthangbalung bijnaam v.e. grêma (hoerewaard) Eigenaam v.v. vroegeren Hofhansworst die eastagnetten de maat vd dans sloeg.

Lêrês. Canthang punika pirantos kangge nggobyak rare tilêm kaslomotakên, dumunung ugal-ugalan. Kala alitan kula angsring tumut ugal-ugalan makatên, yèn nuju ringgitan wontên rare tilêm sontên.

Nanging têmbung "vroegeren" klintu, awit dumugi kala pêngêcapipun bausastra wau, canthangbalung dèrèng kasuwak.

3. Bausastra Jawi W.J.S. Purwadarminta:

Cb abdi dalêm kalonthangan lurah tlèdhèk.

Para miyarsa rak kados kula sami sagêd mirêng têmbung nyalênèh. Ingkang sagêd suka kalidamar panitra kula sang kawiradya RMT Ranggawarsita sarana nêdahakên sêrat: "Punika sêrat anèh tiga bêlah, saking basa Inggris dening C.F. Winter" No. 25 ... Nicolas III markies ing Este & Ferrera kagungan klangênan kalonthangan satunggal nama Gonnele, komuk cucut sangêt".

Manah dèrèng plong, awit cucut kalihan mbadhut of badhutan punika bèntên sangêt.

4. Sêrat Kridwangga karanganipun sdr. Sastrakartika:

a. Botên layak bêgsa punika pancèn dados karêmanipun bangsa kita Jawi, punapa malih ing kinanipun dados rêrangkening agami,

b. Bêgsa langênpraja: bêdhaya, srimpi, canthangbalung.

Ingkang pêrlu kapèngêtan para miyarsa i.p. "jogèt kinanipun dados rêrangkening agami"

5. Pratelanipun êmpuning krawitan G.P.H. Prabuwinata, wontênipun eastagnet winastan cb dening nyatanipun balung, panyêpêngipun kajapit antawisipun driji 4, sawarni kacancang, ungêlipun pyêg-pyêg ngiras kangge pathokaning irama.

6. Brands Buys ing candrawarti Jawa XIII no. 4, 1933. Uit de pers:

--- 2 ---

Ze heten i.d. wandeling canthangbalung en men heeft verondersteld, dat die naam zou duiden op klepperen m. deodsbeenderen. Dat makkabeen ook hier i.d. Archipel niet zonder voorbeeld ...

7. Sêrat Sastramiruda carik gadhahan kula tuwin Radyapustaka no. 42, anggitanipun B.P.H. Kusumadilaga Tejamaya: "Kagungan dalêm gamêlan Lokananta kangge sabên ISKS miyos watangan kundur dlm angadhaton gamêlan lokananta kangge njajari tindak dlm, sinênggakan Ng. Sukalêlana, Ng. Canthangbalung, ngangge kêpyak calapita"

Lajêng calapita.

1. Katrangan Amongraras:

synoniemipun canthangbalung = kêpyak.

Alitan kula calapita punika gêndhing pakurmatan jêngkardalêm sinewakan Sênèn-Kêmis, alias Undur-undur kajongan.

2. Gericke Roorda:

kw zva walang-angkup, een scorv v. sprinkhanen die zich 's avonds en 's nachts langdurig md vlerken schelgeluid geven en onheil heten aan te brengen. (kal); ook benaming vd muziek Lokananta, die Zaterdag's om 4u namiddag e.d. gamelan gespeeld werd bij het tournooispel. Blijkers Wk is de juiste betekenis v. dit woord niet meer bekend. Lir calapita spreekwijs voor uit een treuren, vervelend, langdurig bv jammeren of scheldem Skr. pralapita, treurige deun, geweeklaag. PK.

3. Wilkens:

a. converm Roorda, wêwah,

b. Anderen verklaren dat 't eastagnetten v beenderen zijn, waarmede de cb de maat der gamêlan slaat. (Sami Prabuwinatan) Soscte of sasambate lir calapita = haar scheldwoorden of klaagtonen waren on afgebroken.

4. Mr. J. Kunst, De toonkunst v, Bali ing TBG LXV, 1925: ... Neg. v.e. op Bali thans uitgesterven speeltui meeten wij melding maken: de eertijds (en tot neg voor kort) vd Gambuhansemble deel uitmakende calapita, een soort castagnetten. Het instrumence moet hebben bestaan uit sen viertal ir-vormige plank jec.

5. Ugi Mr. JK. ing BKI 92 minangka "Nasckrift" karanganipun dr. WF. Stuterheim:

a. is een andare naan i.d. Selese Kraton vd gendhing Undur-undur kajongan: gêndhing calapita (kados alitan kula), Men moet evenwel ook rekening houden md. megelijkheid dat calapita de naan was vd. i.d. SL Kraton tegenvoordig ovenseus i.d. gêndhing Undur-undur kajêngan geslagen gambang gangsa ...

b. werd op Madura een veertigtal jaren galaden een uit 2 karbouwan beenderen vervaardigde klepperen gebruikt, ander het branden v menyan en t prevelen v spreuken, bh oproepen v geesten an voer bezweringen atc.

6. Sastramiruda kala wau:

Kagungan dalêm lokananta etc sinênggakan NG. Sukalêlewa + Ng. Canthangbalung ngangge kêpyak calapita.

7. Sêrat Panji Kudaranawangsa.

Kadeyan sadaya cawis, kothak lawan gêdêbog, wis tinata gamêlan, cêcêprèt lan sulingira, gambang lan calapita, rêbabê lawan calêmpung, gêndèr lawan gambang gangsa ...

8. Sêrat Darmasarana (Parikêsit):

Dèwi Nawangsari, mêksa botên keguh dhatêng panyandhêting Nata, Prabu Dipayana kewran ing driya, lajêng utusan nimbali patih Dwara lawan patih Danurwinda ect ... Rêkyana patih andhêku sarta angungun, yèn garwanipun patih ingkang nama Dèwi Mahera botên saranta supe yèn wontên ngarsanipun Narendra, sigra anungkêmi pangkoning ibu, sarya karuna, lir calapita sêsambate ...

Dados warni-warni anggening nêgêsi; gunggung kêmpal lêrês Wilkens "botên maton". Kajawi yèn têmbung satunggal warni-warni têgêsipun = hynoniem.

Samangke mrinci panganggèn.

Anggèning cb winastan badhut, punika bokmênawi botên wontên satunggal kemawon ingkang purun nyelaki, klêbêt ingkang nglampahi. Saking kêplantrangipun ngantos badhut njawi ingkang ewon tersyuhur, kadadosakên.

--- 3 ---

Ewadene yèn kamanah-manah panjang, aran wau têtela "botên tepat". Hara kala punapa para miyarsa manoni pambadhutipun cb ? Pandamêlanipun rak namung ngêploki + nyênggaki srimpi, têmbungipun kaniyagan "kêplok alok + nyênggaki", yèn Sastramiruda "kêplok imbal angudasih" tur lagu + ungal-ungalanipun botên nate santun:

ya ta hayu, yèn nuju pêcatmiring "hayu ta, ta hayu" = kêplok alok;

yèn kicat "ao hu" = sênggakan.

Pol-polipun njogêt sabên bakda: Siyam-Bêsar gajah-ngombe wontên satinggil,sitinggil,. Mulud lincêg-lincêg ngêtutakên parêdên dhatêng mêsjid. Akiripun angsring lucon brangkangan, midêr-midêr ndhaplang ngimba motor mabur. Sadaya wau namung solah tênaga kemawon, tanpa nyuwantên = pantomime.

Kacariyos yèn pêpatih dalêm gumujêng dening luconipun cb, kadênda f. 25.-- yèn bagdabakda (dan di tempat lain). sanèsipun Mulud bèntênipun panganggèn: klambèn sikêpan agêng abrit, dodot slobog pêthak, sarta dgndgn = dengan. sendirinya botên dhatêng mêsjid, namung njogèd gajah-ngombe kemawon. Cobi kalukis singkat lampah-lampahipun.

Panganggenipun yèn grêbêg Mulud: kuluk mathak pêthak mucuk bung inggil + tikêl 3 kalihan kuluk limrah; nyamat ugi agêng panjang; brewok panjang; sumping surèngpati i.p. rinêngga uncèn-uncèn sêkar mlathi usus-usus panjang rangkêp 5 gadhêbyah ginêbyokan sêkar kanthil, dodot sindur ngumbar kunca; clana montên pêthak; dhuwung ladrang sinungging polèng mawi gombyak pêngantèn, panyêngkêlitipun kewalan nêngên, ukiran gana, kacriyos rumiyin wangun pajalêran, borèh blarutan; jogèdipun namung lincêg-lincêg sarwi mandhi towok-larenan kula dede towok, jêbèng = sodor pucuk jegul.

Ngêndika dlm kp. X rumiyin kacêpêng pêpêthan pajalêran = lingga, luconipun lekoh = ason-ason. Ingkang nyuwak + nyantuni jêbèng, têmbenipun dados towok Sarira dlm dening kagalih sampun botên laras. Minangka wêwahing katêrangan èdining kampuh, kawitaning sindhèn bêdhaya kêtawang makatên:

1. Raka pakênira sampun atêngara / sira puniki kari / angling Jayèngsêkar / Lah bapa têngaraha ect //

2. Alancingan pêthak alus kampuh jingga / sabuk patola wilis / kris cinitrèng êmas, / sêngkang maniking toja etc. //

Sarawuh dlm ing bangsal witana paring sasmita dhatêng abdi dlm bupati gêdhong miyosakên ajad dlm, nuntên nyasmitani gandhèk natap gangsa munggang = Koninkl. saluut, lajêng sawêg lênggah ing dhampar dênta.

Pangagêm dlm basahan = kampuhan grêbongkandhêm = agêng-agênging panganggèn Jawi.

Wêdaling ajad dlm parêdèn + ancak canthoka kajajaran bupati gêdhong kiwa-têngan sapanêkaripun kahormatan:

parêdèn = munggang

ancak canthoka = kodok ngorèk.

Suwuking kodhok ngorèk sêkatèn katatab gêndhing Rambu - sabên grêbêg gangsanipun gêntos-gêntos: sêkatèn alit K. Guntursari, agêng K. Gunturmadu, sêpuh ingkang alit. Dene panjogètipun cb sangajênging gangsa ingkang karêmbat dumugi gapura mêsjid. Minangka panutuping arak-arakan, abdi dlm bupati pangrèh praja.

Punapa lêpat sêdhèrèk anggèn kula mastani arak-arakan agami = religieuse-processie, anggènipun sdr Sastrokartiko criyos yèn bêgsan punika kinanipun dados rêrangkening agami?

Parêdèn 24, ingkang jalêr 12 dhapur tumpêng = lingga winastan gagak urakan, têtunggul gula klapa: èstri 12 dhapur payung mêgar = yoni winastan gêgênderan ugi têtunggul gula klapa, ka-êtutakên anak-anakan nyatunggal winastan saradan. Jodhangipun parêdèn jalêr-èstri kaluruban kampuh blumbangan abrit = abrit têngah pêthak = gula klapa. Wingking parêdèn ancak canthoka 24 = ambêngan kawadhahan jodhang alit pasagi, pikulan kiwa-têngên, yèn sumèlèh pindho kodhok mêncolot. Sawangsulipun saking mêsjid, cb njujug bangsal angun-angun awor kancanipun niyaga; tiyang pancèn nunggil kawêdanan Amongraras.

--- 4 ---

Wanguning parêdèn lan namanipun jalêr-èstri, cacah 12-24 punika botên tanpa têgês wangun cêtha "lingga-yoni", jalêr-èstri sampun rangkènipun lan ngèngêtana griyanipun cb ringin-kêmbar; 12 klêbêt heilig gêtal, ingkang cêtha kemawon cacahing wulan, 24 tikêlipun:

Jêngkar dlm kahormatan ungêling gangsa K. Kancilbêlik of Udanarum sabên bagda gêntos-gêntos, gêndhing Undur-undur-kajongan; cb njogèd gajah-ngombe ing plataran sangajêging bangsal Angunangun. Dene patrapipun jèngkèng kalangtinantang,kalangkinantang. tangan kiwa nyêpit castagnet ingkang tansah dipun ungalakên crèk-crèk kangge pathokan irama; têngên nyêpêng gêlas isi jênèwêr, sabên gong dipun ombe. Têngênipun kêntikêndhi. kangge jog.

Dene padintênanipun namung kêplok alok,+ nyênggaki srimpi; panganggèn botên siwah kalihan kancanipun, namung kuluk lêstantun inggil kêsting, dhuwung inggih lêstantun nanging tanpa gombyok + tanpa brewok.

Wondene ungaling munggang + kodhokngorèk = koninkl. saluut namung minangka pakurmataning ajad dlm; mijos-jêngkar dlm botên katatab. Sampun kula andharakên yèn parêdèn jalêr-èstri wau kula wastani "lingga-yoni" kabêgta saking dhapuripun lan laras kalihan kampuhipun blumbangan abrit-pêthak = purwaning dumados. Ingkang kula dèrèng sagêd ngoncèki punika ancak canthoka gandhèngipun kalihan parêdèn, awit canthoka = kodhok pakurmatanipun kodhokngorèk, mathis sangêt; wignyanipun lêluhur kita.

Kula wangsuli malih, pamanggih kula cb punika mulabukanipun dede badhut, jogèd + zg luconipun yèn ngiringakên parêdèn dede dhagêlan, tiyang pancèn dede lucon, panganggenipun ugi dede pangangge badhut of uthal-uthalan, pakartinipun botên wontên ingkang ngantawisi yèn badhut of saupami ngangge têmbung Purwadarmintan "kalonthangan"; ason-asonipun ingkang sinêngguh lucon lekoh babarpisan dede lucon, malah kapara iets erntigs, iets heiligs, ritueele handêling ingkang ing pangintên botên kenging pinisah kalihan gangsa sêkaten, - yèn dr. Groneman ing karanganipun"

De Garêbêg ing Ngajogyakarta, "gêndhing sêkati" - parêden, dhatêng mêsjid + mulud. Mila kula sampun ngatos-ngatos, anggèn kula mungal ason-ason mawi atêr-atêr "zg" awit dèrèng manggih Jawinipun ingkang ngêplêki, jalaran pancèn sampun kula "orakakên". Kula yakin yèn têmênipun dede lucon.

Ingkang dipun sênggaki kok inggih namung srimpi, bêdhoyo botên, mangka sami lêlangên dlm wanita.

Lajêng ingkang dipun jogèti gangsa sêkatèn gêndhing Rambu, sakathahipun ingkang botên sakeca: jogètipun namung lincêg-lincêg, samangke mawi badhutan. Punapaa kok botên gangsa klênengan gêndhing Gambirsawit, njogèt ingkang mlêtêr damêl sêngsêming ingkang sami nangkil. Tur kok namung bagda Mulud + dhatêng mêsjid. Punapaha bagda sanèsipun botên mêdali, tiyang sami wilujêng agêng, ubarampe sami. Gèk kirang 7 dintên gangsa wau sampun ngangkang rintên dalu ing bangsal plataran mêsjid. Combinatie ingkang salincoh babarpisan ... Mila rak mokal yènta botên gadhah maksud ingkang wigati, jêr punika trekahipun tiyang linangkung, para wali.

Mila yèn botên mlèsèt pamawas kula, cb punika sakawit sêsêpuhipun arak-arakan ingkang tinanggênah mimpin sasaji katur para pêpundhèn, lêluhur, cakalbakal ss.ss. = sanès-sanèsipun (dan di tempat lain). Cêplosipun yèn samangke "kaum pêngulu" rèhne jaman kabudan "pandhita, brahmana", mila inggih dhatêng mêsjid = candhi, khowil, tèmpêl, botên wontên ngarsa dlm kados limrahipun wilujêngan namung wontên griya kemawon; mulud Nabi = wêdalipun ingkang ngadani candhi of candhinipun piyambak.

Para sêdhèrèk rak priksa ta, yèn mulud têmbung Arab têgês "wêton". Dus wêtonipun candhi = adat kabudan ing bali winastan odalan, malah sagêd ugi langkung sêpuh; kalêbêtakên ka-Islaman dening para wali, nanging saking wignyaning panata agêngipun pêngaruh ngantos anglêr nir sangsaya. Danguning-dangu botên wontên ingkang sumêrêp mulabukanipun. Drajating pandhita mlorot dados badhut.

Para sadhèrèk rak ugi priksa, yèn lêbêtipun agami Islam ing Indonesia punika botên langsung saking Ngarab, nanging via Persi, India, Malabar - yèn ing sêrat Menak "Kusniyamalebari" -, lan Gujêrat, punika dgn sendirinya ing margi sampun kêdayan piyandêl + tata-caraning bangsa-bangsa ingkang dipun langkungi. Nuntên kêtampèn kêprigêlanipun para wali mêmulut kados ingkang kasêbut dissertatie-nipun Prof. Dr.B.O.J. Schrieke "Het boek v. Bonang".

--- 5 ---

Ing Ngayogya ugi wontên bangsaning cb winastan "Pralata" ugi lurah tlèdhèk + kupumalêm ugi njogèdi gangsa sêkatèn ing bagda Mulud. Nanging botên kula grêjah awit bèntên sangêt kalihan cb ngriki,: panganggèn limrah, cêpênganipun têkên sajanggut, gêndhing Bawang-sabungkul, jogètipun namung wontên tratag-agung botên dhatêng mêsjid ss.

Mangsuli titikanipun cb yèn brahmana:

1. Brewok panjang. Ingatasipun kita Jawi botên kêwulon, aèng. Dr. Stutterheim malah nêtêpakên yèn cb punika pêndhita, wêwaton kawruh kabudan ingkang antara lain ginambar ing Barabudur, ing karanganipun kala wau:

Steeds zijn er enige vrouwen aanwezig, waarschijnlijk andêre danseressen, die de handschelleces hanteren en dikwijls treedt een man in branmanendracht op, die md handen de maat schijnt aan te geven. ... Dat 't een brahmaan is, kam voernamelijkeworden afgeleid uit 't feit, dat hij i.d. meeste gevallen een knevel en baard, in sommige gevallen enkel een knevel bezit. Dit laatste mag misschien geen doorslaggevend bewijs zijn, de eerste is het ongetwijfeld.

2. E. Zischka, Oorlog om Ethiopie:

Toen Menelik II na den dood v. Johannes IV i.h. jaar 1889 tot Negasa Nagas was gekroond, bad hij de gebele nacht voor de plechtigh alleen i.d. kerk v. Entete na 4 dgn te hebben gevast. As Morgens begonnen priesters op grote trommen te slaan dan volgden anderen, die dansen z.a. David danste: hun lange baarden vielen op hun tepaaskleurige en granaatrode mantels. Cb klambinipun inggih abrit.

3. Yèn kula botên klintu, pêndhita Guieks katholiek = Oosterse kerk agamanipun bangsa Yunani, Russia, Rumani ss., punika inggih kêdah brewok panjang, rambut bukung, sarta Rooms katholiek ingkang golongan Cabusyners inggih brewok panjang.

4. Ingkang adhakan tur sadhengah sumêrêp ning kula purun totohan tamtu botên karèwès, punika ... ringgit cucal, ingkang brewok panjang amung dewa lan pandhita, kajawi B.B. = Bathara (dan di tempat lain). Wisnu kalihan Kamajaya, B. Surya sanajan mripatipun gabahan, magsa brewok.

Supaosipun bangsa Arab kanthi nyêpêngi brewok lan nyêbut asma Nabi. Dados sampun têtela yèn brewok punika malah drajad agêng, janji dede ringgit tiyang. Ingkang brewokipun gêgirisi dênawa-prêpatan sabên mêdal tamtu pêjah.

Lajêng jogèt, kêplok-alok lan nyênggaki tuwin bêdhug, sami 100% cocok kalihan pasaksèn-pasaksèn wau. Samangke gêntos mawas kuluk.

Yèn sadaya wau sampun lêrês, jangkêpipun kuluk inggil punika symboolipun Mahamèru, ing padhalangan Junggringsalaka, kayanganipun Sang Hyang Guru = Çiwa. Mila wiwit kawitan anggèn kula mratelakakên ka-sêngaja "inggil" botên panjang, kangge ancang-ancang anggèn kula badhe mastani "rêdi". Dene sampurnanipun nyamat: lingga", amung symbool kemawon utawi mêwujut tan prabeda, sakalih-kalihipun tumuju dhatêng sêsêmbahanipun = B. Çiwa. Hara rak sami mokalakên "wong nyamat kok lingga". Sadlerengan pancèn inggih makatên, ning nyatanipun botên. Pasaksèn:

1. Zischka kala wau,

in de dagen v Henelik werd dit gezegenie land v.d. stad Anderatcha uit geregeerd. Daar zetelde de jenge Kaje Karetche op een fijn geciseleerde gouden treen m.a. kroon v moer dan 1 meter hoegta e.h. hoofd. Een gouden phallus sierde deze ten teken v kracht, reigerveren berhaduwen heer

2. Tiaranipun Paus punika inggih inggil, langkung inggil kathah tinimbang makuthanipun para raja.

3. J. Feitsma, Batuala: rumijin verboden lectuur:

Twee vrouwen traden o.d. voergrond. De one was Yassinguija, de echtgenote v Batuala de Mukunji - vorst - de andere een maagd. Beiden weren naakt an hadden de haren beven haar geslachtwelen uitgetrokken, om de hals droegen ze een snoer gekleurde steences en ing de neus en oren brede ringen. Aan hun polsen en enkels rinkelen dunne koperen belleces. Behalve deze xeestkleding droeg Yassirguija een enerme penis v. geschilderd hout" ...

4. Bhataracharya, Buddhist, icenegraphy "Ratnasambhava in demonis karakter dnast o.h. lijk, een v bloed rekende halve schedel i.d. handen, m.staande phallus (gelijkenis op Cakrecwara).

5. Laksmi-Cri in een v haar 8 murti's 4 armig houdende: kendhi, gadha,gada. schild, phala en den lingga op het hoofd.

--- 6 ---

6. Sêrat Pustakaraja-jarwa jilid II mratelakakên:

Agama Kala pangulune aran kalana, nganggo têtêngêr akal purusa lingga gadhing utawa rineka palanangan den anggo kalung

Rak elok lan mokal, ta. Samangke kula aturi sêksi mêtokmêlok. sarana kula pamèri barang panggihan ing dhusun Ngrêdên kidul Baki no. 214, punika wujudipun kadospundi, ngejawantah botên:

Sdr. Sajatosipun bangsaning kados makatên punika kathah, warni-warni sumiyar sadunya, minangka pasêmoning gêsang, purwaning gêsang, tumangkaring gêsang ss + leven, vruentbaarh. ect. Yèn têmbungipun Zischka "kracht" Sami kemawon / Awit yèn tanpa kracht jawi-lêbêt punapa wontên gêsang? Dados manawi wontên ingkang mrangguli bangsanipun makatên, sampun kagèd utawi dipun paibên. Nanging inggih sampun daya-daya dipun encupi kemawon, nyumelangi yèn namung pangothak-athik. Mangke katêrangakên. Dgn. sendirinya wanguning jejeran rumijin = pajalêran, sampun kacakup ing andaran punika.

Sadèrèngipun nglajêngakên, parlu ngaturi katrangan sakêdhik, yèn Kala punika Çiwa in zijn 3e emanatie, als vernietiger der wereld. Ugi paparab Mahakala, Bhairava, garwanipun Mahakala, Bhairavi.

Borèh blarutan punika dede panyuwijah, kacariyos kala jaman watangan agêmipun para luhur, sanèsipun limrah sakojor. Kala kula nglèncèr dhatêng Malay-Sumatra wontên Singapura, Medan, Binjai ningali tèmpèlipun bangsa Chetty winastan khevil, samangsa sasaji injing sontên tiyang walaka bathukipun dipun blaruti pêthak-pêthak malang sungsun 3, pandhitanipun wasta purari plus blarutan sakojor a la cb. ning tatanan niga-niga lan malang: bathuk, gulu, pundhak, dhadha, wêtêng, bau nginggil lan ngandhap. Dene ingkang kangge mblarut dede borèh, criyosipun awu tlethongipun lêmbu pêthak ingkang dipun mhakakên.mblarutakên. Rèhne kulitipun cêmêng kados nêgêr blarutanipun pêthak, mangka kala ningali sapisan nuju rêpêt-rêpêt suruping diwangkara, wujudipun ngajrih-ajrihi. Prasajanipun dalunipun kula tomtomên. Ingkang kula kojahaken punika anggèn kula ningali rumiyin, ingkang kapêngkêr punika tiyang walaka sampun botên purun blarutan, wangsulanipun kala kula takèni "lingsêm".

Dene tiyang Chetty punika saking Madras, India, klêbêt bangsa Dravida = cêmêng mêlês kados nêgêr ning prèjènganipun kados bangsa Eropah, namung dêdêg pangadêgipun sa-tiyang Jawi, ingkang sêpuh-sêpuh karêm nginang.

Wontênipun blarutan cb mujur, punika saking sampun kecalan lari, punapa pancèn sampun makatên dening tunggil agami nanging sanès secte, punapa saking inggal: najan nglêstantunakên adat kina ning kaplèncèngakên kados cara sanès-sanèsipun tuwin donga-donga. Kula dèrèng sagêd angsal wêwêngan S.S.

De Wereld Nicuwa 8 Des. '51 inggih wontên karangan ingkang sawarni makaten:

Telkon jare op een dag door hun priesters vastgesteld, verenigen zich i.h. kleine staje Palni ix Zd India engeveer 200.000 Hindu's Zij zijn v.h. merendeel Dravidase beeren ...

Op deze dag die steeds m vello maan samenvalt, wrijven de pelgrims de geziehten en lichamen m.o. witta substantie in ... Het feest heet Panguni Utaram.

Summa summarum, blarutan punika heilig:

Dodot sindur agêmipun pangagênging putra sêntana dlm lan pêpatih dlm yèn kraton mantu, nyarêngi panggihing pangantèn. Para akrab cêlak, pamong pangantèn, garap, babau ss. sami sinduran: jalêr kangge sabuk, èstri kêmbên. Dalasan tuwuhan, kêmbarmayang, gong sami rinimongan sindur, sanajan ingkang kangge ngêmban kêmbarmayang, têbusan ss id. Sadaya wau lajêng dados adat Jawi. Malah cara dhusun, sabakdanipun panggih, lampahipun pangantèn dhatêng krobongan dipun kêmuli sindur dening para sêpuh. Yèn ing Kotawaringin, Kalimantan, cariyosipun Pangeran Kêsumasari, rumiyin ingkang kampuh sindur punika malah têmantènipun. Dados cêkakipun mantu punika botên pisah sindur: gèk kajêngipun punapa? Coba dipun pêtani para sdr. kula aturi ngrencangi supados tlêsih.

Radi mlèncèng sakêdik, ning pamanggih kula pêrlu kapratelakakên minangka wêwahing prabot i.p. Tezcatlipoca dewaning tumuwuh bangsa Maya tuwin Aztlan (Aztaken) ing Mexico, punika ulêsipun abrit; Batara Brama ingkang anuwuhakên = Schepper, ing India tuwin ing Bali ulêsipun inggih abrit. Dados yèn makatên abrit"" punika ulêsing dumados.

--- 7 ---

Warni-warnining ulês lan combinatie punika ing kawruh Wetanan saumumipun T. Jawi chususipun pênting, limrahipun kudus, heilig. Wondene combinatie abrit/pêthak, saking pêntinganipun ngantos dados têtêngêr kita gêndera kabangsan. Botên mustahil awit crijosipun para sêpuh punika ibaratipun "gêsang, purwaning gêsang".

Wijangipun:

1. Ngèlmu klênik: Panjinging asmaragama = abrit-pêthak

2. Ngèlmu Bali: Kama putih saking Bapanta, Kama abang saking ibunta.

3. Purtakaraja: pêthak wasta Mar, asli saking bapa, abrit wasta Marti asli saking biyung

4. Wontên panuwun ing têngah dalu: " ... roh putih saka bapa, roh abang saka biyung ... "

5. Sêrat Tatacara karanganipun Ki Padmosusastra. Slamêtan "jênang abang milujêngi rahsaning bijung, jênang pêthak milujêngi rahsaning bapa. Mila manawi madahi wontên takir botên kenging klintu: kêdah jênang abrit rumijin, lajêng katumpangan jênang pêthak"

6. Sawatawis taun sapriki kula nglajat pambêsmining majitipun têtêpangan bangsa Bombay ing Madiun. Sarampungipun, awu ingkang badhe kalabuh ing samodra, dipun wadhahi blêg kabuntêl jinggaloka nuntên karangkêban montên pêthak. Sanajan kala waris kula pitakèni maksudipun wangsulanipun kirang mêmuaskan, ewadene ingkang plêg ngriki inggih punika montên kêdah wontên sajawining jinggaloka, botên kenging klintu.

Pamanggih kula sampun têrang yèn sindur punika ibaratipun punika, tandhanipun ingkang minangka wêngku pêthak.

Ngumbar kunca punika agêming Ratu, ingkang kalilan namung:

1. pangantèn kalaning ningkah-panggih. Yèn panggih dodotipun alas-alasan gadhungmlati wangun grêbongkandhêm - yèn ningkah namung mêrak-kasampir, sêratan bango buthak - ngumbar kunca dipun ampil, kuluk tanpa nyamat, pakurmatan kodhokngorèk = koninkl. saluut.

2. yèn bagda papatih dlm kadhawuhan dhatêng mêsjid ndongakakên ajad dlm, minggokipun mangilèn sakidul ringin sêngkêran, kunca ka-umbar ka-ampil

3. Kala rumiyin yèn nuju rampogan, sasampunipun gandhèk ngêngakakên grobag kandhang sima ing sakidul ringin sêngkêran wangsulipun dhatêng ngarsa dlm ing pagêlaran kêpuhkampuh. kadudut lajêng ngumbar kunca sarwi tajungan, ginamêlan kodhokngorèk saengga ngece pun sima. Bokmanawi anggèning toh jiwa dening wontên kêmungkinan kamangsa. Dus eventueel laatste eer.

Botên kenging dipun selaki yèn tiga-tiganipun wau dumunung kaurmatan agêng. Manawi cb badhut, gulang-gulang, punapa mungkin kaparingan kaurmatan ingkang samantên agêngipun ? Mila bêthèkanipun inggih namung satunggal ... cb punika pêndhita, brahmana ingkang sadrajad = ebenburtig kalihan nata. Ngèngêtana wasita: "sabda pandita, pangandikaning ratu".

Rangka kasungging polèng, punika ing nalar dede voeval; kala wau sampun kula têrangakên yèn kleurencombinatie punika limrahipun heilig. Owêl samangke sampun kathah ingkang botên sumêrêp, njalari bibrahing combinatie. Têgêsipun namung janji polèng alias dham-dhaman.

Cobi ngèngêtana critanipun ki dhalang yèn nglampahaken Arja Sena badhe mlumpat ngêdalakên bayubajra wijang-wijangipun ulêsing kampuh polèng-bangbintulu lima, rak botên tanpa waton poncomojo: abang, irêng, kuning, putih. Sarta ing pawayangan kampuh polèng inggih botên kangge sadhengah, namung: B. Bayu, Dewaruci, Kapi Anoman, yèn gêdog R. Kartala. Dados polèng makatên rak bermaksud dalam.

Pratelanipun dhukun = pêndhita Tênggêr, yèn pasamuan kasada nyaosi dhahar ingkang dadalêm rêdi Brama, dhukun-dhukun sami jubahan Ontokusumo ip. timbêl-timbêlan wajikan (gambar ...) warnining ulês: pêthak, cêmêng, jêne, biru, abrit, ijêm, wungu. Bêbêt lan kopyah ugi wajikan.

Yèn pêsagi kaprapat jubahipun Dhanyang Druno, Brêmonokondho, sikêpanipun agêng Swargi S. Sultan kp. VII yèn bagda Mulud - namung Mulud Sdr. - tuwin samiripun R.Aj.A. Sêdhahmirah wasta blahketupat, kados ingkang kula pratelakaken ing sesorah kula "Noworetno" kala Rebo kaping 6 Sèptèmbêr 1944.

--- 8 ---

Lêrêsipun jubahipun Druno lan BromonokondoBrahmanakandha. punika bêlahkêtupat = ontokusumo, ringgit musium punika "sembagen", têgêsipun ingkang yasa = opdrachtgever lan ingkang nggarap botên sumêrêp lêrêsipun. Sampun samantên kalipyanipun. Yèn ringgit nglêbêt utawi kina, taksih ontokusuma.

Yèn Pustakaraja ing Bali wasta kadhampat ulês warni 4 punika sadhèrèk ingkang lair sarêng sadintên utawi keblat 4, sêrat Dewaruci cahya, ing ngriki pêdhanyangan, yèn 5 pêkênan; 9 ing bali, Siyêm, India padewan sp. Saya têrang yèn kleurencombinatie punika heilig. Punapa inggih si badhut dipun anggèn-anggèni ingkang heilig wau ?. Nyuwun maaf mlèncèng sakêdhik.

Polèng bangbintulu punika: abrit, cêmêng, jêne, pêthak, warni 4 kok kanamakakên "poncomoyo", mangka ponco makatên 5. Pambatangipun kula sumanggakakên para Sdr.

Njogèt lincêg-lincêg sarwi nyêpêngi pêpêtan pajalêran lajêng ason-ason ingkang winastan of sinêngguh lucon, badhutan, njalari karanipun cb badhut, punika dede lucon babarpisan, heilige handeling, ritus, Vruchtbaarheidsdans, bangsaning bêdhaya kêtawang. Cara makatên punika sumiyar ing dunya dumugi samangke, namung lagunipun ingkang beda-beda, manut adat-tatacaranipun piyambak-piyambak. Amung nagari ingkang rumaosipun sampun beschaafd, kadosta Eropah, sampun nyuwak.

Pasaksèn:

1. Winkler Prins:

Phallus, phallos, bd Grieken een symbool vd teelkracht der natuur, dat in hout of steen nagebootst, bd bacchusfeesten in statigen omgang verd rondgedragen

2. Dr.H.H. Juynboll, Oud Jav.-Nederl. woordenlijst:

Linggodbhawa Skr, het zich vertonen vd phallus.

3. Burnoeuf Skr wbk:

Linggayat utawi wita caiwa = secte agami Çiwa ing India kidul, ingkang kapuja dede rêca = pratista, nanging wawangunaning B. Çiwa amung symbool, wujud pajalêran wantah utawi sanepaning kemawon. Bathukipun para belijders kasukanan têtêngêr symbool lingga ngadêg.

4. Srasahing gapura candhi SungkuhSukuh (dan di tempat lain). Karangpandhan - katatah pêndul - en hout relief - lingga-yoni walaka, limrahipun Jawi sinêngguh sêngkalan mêmêt: "tanpa ngrasa gunaning wong = 1360", mangka mirit ingkang rinipta ing Hoofdbeeld 1362. Hoofdbeeld wau wontên musium Jk wujud pajalêran walaka, ngadêg inggil +/- 1½ M, sangandhaping sirah cakêt, bal 4 têmugêlang, anggèning para winasis nêgêsi, sanepaning purusa makarya. Dene lingga-yoni wau amung nelakakên yèn candhi Sungkuh makatên candhi Çiwa. Sampun samantên kalipyan kita.

5. Ing musiyum Jakarta ugi wontên lingga-yoni alit jêne (mas), rumiyin minangka pupujan ing pahêmaning bangsa agami Çiwa.

6. RegelRegol. srimanganti ingkang nglêbêt, punika wontên pêpêthan lingga-yoni, nanging dipun styleer lan pisah, ngantos botên wontên ingkang nglêgewa yèn botên pancèn sampun sumêrêp. Ingkang yoni majêng mangetan wontên sanginggiling kori gêdhongipun nyai regol, lingga majêng mangidul dumunung ing pilaar. Ge: punapa kajêngipun pilah-pilahan wau?

Gagapan kula adhakan, wontênipun yoni majêng mêngetan, punika bokmanawi gandhèng kalihan adat kina, lairing jabangbayi, tilêming biyung kêdah mujur mangilèn; kori punika margi.

Lingga dumunung ing pilaar, bokmanawi jalaran pilaar punika kêkiyatan = kracht. Majêngipun mangidul dèrèng angsal pamanggih. Lêrês lêpat têrsilah para miyarsa.

7. Buntutipun mrijêm pêpundhèn ing Jakarta punika wujud bithi-Wêrkudara, tiyang ngrika mastani "jagur", mila lajêng karan Si Jagur. Yèn buku wawaton jogèd Hindu Kathakali "Dribamusthi", yèn Kamboja"musthi hasta". Criyosipun Prof. v. Hinloopen Labberton têmbungipun Latin "manus invicco", symbooling "kêkiyatan prijo = mannelijke kracht".

Pusaka riki Nyai Setomi buntutipun "gêlangan" = bolong = margi = kori gêdhong srimanganti kala wau. Bokmanawi punika sababipun ing babad dipun angge sisihan "Sêtomo-Sêtomi": priya-wanita.

6. Prof.Dr.G. vd Leeuw: De religie der primitieve volken: " ... De beroemde en zeer schone rotstekeningen, die men gevonden heeft i.d. grotten v Altamira, te Font de Gaume en elders in Spanye, Frankrijk, N. Afrika ect ... Zij geven i.d. regel voorstellingen v. dieren en jachttaferelen, ook wel eens dansen v als dieren gemaskerden of een rei-dans v. vrouwen om een ithyphallisen man die ons o.d.

--- 9 ---

vruchtbaarheidsreien i.h. oude Griekenland herinnert. Kan het zijn, dat dit alles magis bodoeld is"

7. JWF. Worumous Bunning, De dans:

Vruchtbaarh dansen ... Over 't algemeen zijn deze dansen zeer zinnelijk en volgens onze moraal onzedelijk. Het ontbloten der gonitalis het nabbotsen vd coitus, het zingen v ontuchtige liederen is daar op scherling en inslag. Vaak word de dansen door naakte mannen en vrouwen gedurende de nacht uitgevoerd, waarbij de bijslaap wordt nagebootst of inderdaad wordt voltrokken ...

In primitieve en andere anthieke godsdiensten speelt de dnas als uitdrukkingsmiddel een zeer grote rol. Niet ten onrechte is gezegd, dat, waar wij zouden gaan bidden, de primitieve mens i.d. regel danst.

Wêdharing sabda sang paramèng Skr Prof. Dr. Sylvin Leivi "rien de plus natural, étient donné l'importance de ls danse"

Botên pisan-pisan kula neya nyamèkakên bangsa kita kalihan primitieve volken, amung kangge pasêksèn yèn lincêg-lincêgipun cb punika ngantawisi vruchtbaarh.dans, mila mawi nyêpêngi pêpêthan pajalêran, ason-ason, ngiring parêdèn jalêr-èstri. Lan yèn jogèd = dansen punika angsring gandhèng kalihan agami. Sakawit malah sagêd ugi nyêpêngi pajalêranipun piyambak, kados ingkang nêmbe kapratelakakên, sarta nocogi linggodbhawanipun Juynboll. Amargi punika warisan adat purbakala, ingkang mungkin sadèrèngipun bangsa Hindu ngêjawi, lajêng kabêsut ka-Indu-akên, têmbe kabêsut malih dening para wali, ka-Islam-akên. Pungkasanipun kabêsut malih dening Swarga kp. X, cêpêngan lingga kasantunan jêbèng, lajêng dados towok; ason-asonipun dados montormaburan ss. Sirna sipating "heilige dans"

Ambak-ambing ing dhusun taksih wontên cara bangsanipun makatên, kacriyos panulak ama, i.p. samangsa pantun sampun nyêbul, ingkang darbe jalêr èstri wuda ngubêngi sabinipun, sêdalu kp. 7. Wontên ingkang mawi ngidung. Mungkin rumiyin kalayan jogedan. Dus wuda sindhèn jogetan = vruchtbaarheidsdans.

Gangsanipun sêkatèn gêndhing Rambu. Kathah lan warni-warni ingkang sami njarwani têgêsipun sêkatèn, antara lain: bobot sêkati, sêsêg ati, sahadatin ss. Namung dr. Groonemen ingkang ngijèni ing karanganipun: De Garebeg in Ngajogyakarta "gendhing sekati". Kula acc., awit cocog kalihan katrangan saking Bali, Gusti Ktut Ranuh.

Kula sampun mitêrang sêkati punika namaning sêkar gêndhing. Gamêlan sêkati punika panabuhipun ing Bali bagda jam 4 injing ngajêngakên sasaji dhatêng pura. Ingkang kamumule rochipun ingkang cakal bakal; dintên mêmule punika manut wêgdalipun acakal bakal, pramila sabên pura gadhah dintên piyambak-piyambak. Manut kapitadosanipun tiyang Bali, nalika gêndhing sêkati katabuh, sêkar sêkati kakidungakên, rochipun ingkang cakal bakal lajêng manjalma dhatêng pêndhita pura, sadaya ginêmipun pêndhita wau, asli saking roch ingkang ngangslupi (orakel). Owêl anggèn kula ngupados noot-ipun sapriki dèrèng angsal Langkung owêl dene nalika kula dhatêng Bali taun kapêngkêr punika sampun kasudhiyakakên sagêdipun kula mirêngakên, wasana kaplèsèt titimangsanipun dhatêng kula.

Dus gendhing en lagu, dede namaning gangsa, panabuhipun ing dintên anggèning acakalbakal, dus wêdalan = êdalan = mulud. Mila inggih ajêg Rambu, najan gadhah sisihan Rangkung, mungkin Rambu punika nama santunan, lugunipun Sêkati tandhanipun ing Ngayogya tuwin Cirêbon sami wontên. Ing Ngayogya Rambu ugi kangge mandhapipun parêdèn saking sitinggil, yèn Cirêbon namung wiwitaning sêkatèn, conform ngriki tuwin Ngayogya.

Lajêng panabuhing gangsa ka-kayang kados Bali - kala alitan kula kacriyos sintên ingkang sagêd nugêlakên garaning tabuh, tampi ganjaran - tur mawi bêdhugbadhut. ala Ngabêsi jogedan para priesters brewok panjang tinabuhan bêdhug ndhrandhang; dhatêng mêsjid, mulud, gêndhing Rambu sêkati jinogedan cb bêgta pêpêthan pajalêran lan ason-ason, badhe wilujêngan. Kajawi pêpêthan lan ason-ason, cèplês ing Bali, namung kirang gerong lan kidung.

Prêlu mêwahi katrangan bab bêdhug. Criosipun Th.E.v.Lelyveld ing karanganipun De Jav. dans:

Waar de dnas de eerste religieuse uiting was, was de trom 't oudste geconstrueerde instrument der religieuse muziek. Het was in zekere zin een gewijde instrument; de trom werd nimmer geslagen v verpozing of vermaak, zij drount alleen bd rituele ceremonie.

--- 10 ---

Ing tanah Jawi ingkang wontên bêdhug namung mêsjid, panatabipun inggih namung kangge têngara wancining sembahyang = ritueel. Yèn gangsa namung sêkatèn, panatabipun botên kangge suka-suka.

Ingkang ngidung lan ngigêl ss ing candhi punika ingkang kaginakakên kangge praboting sasaji, winastan devadasi = letterlijk "godenmaagden". Nugrahanipun yèn salêbêting mataya - mila inggih winastan tèmpèl-danseressen - pêndhita ingkang mimpin sasaji wau kapanjingan dewa lajêng gadhah krêntêg kalêgsanan, sagêd anggarbini. Anggènipun v. Lelyveld nggambarakên ing karanganipun kala wau:

Dese devadasi vervulden een bijzondere rol i.d. eeredienst, zij werden beschouwd als heilige wezens, schoon als de lotosbloem. Onontbeerlijk waren zij bd riten, termijl 't gebruikelijk was, dat zij zich a.d. priesters gaven, die beschouwd werden als incarnaties v.d. goden.

Die overgave was daarom een heilige daad de mannelijke kinderen daaruit geboren opgeleid v.d. secoedalen dienst, de meisjes voor danseressen vh altaar. Op deze wijze vulden dus i.d. Hindu-Jav. samenleving priesters en tempel danseressen elkaar. Zij zijn gevormd die dagelijks den dienst celebereren i.d. mysterieusen schemer der talrijke sierlijke candhi's

Cêtha yèn dede tlèdhèk, jogèdipun dede golèk, bondhan of glondrong = gambyong nanging kênya murni, matayanipun heilige dans, anakipun dede manungsa walaka, turasing dewa kados Pandhawa. Punika ing nalar mula-bukanipun cb nglurainglurahi. tlèdhèk.

Ewadene sarèhne manungsa punika kadunungan supe, ewah-gingsir, cara ingkang makatên wau gampil sangêt salah-kadadosan - exces devadasi kabrêkat mantuk.

Kawuningan woring pandhita devadasi makatên botên specifiek ngriki, ing tanah dhingin YananiYunani. tuwin Roma inggih wontên, ing Babylon malah ngantos kaplantrang, v. Lelyveld kala wau.

In Babylon gaf ieder vrouw v elken stand, als voorbereiding tot't huwelijk zich eerst a.o priester v.d. tempel v Mylitta. (jus primae noctis = recht vd eerste nacht) Het Moaisme verzette echter tegen religieuse prestitutie.

Awit saking andharan wau, pamanggih kula sampun botên prêlu kapanjangakên malih cêthaning sêsambêtanipun cb-tlèdhèk ing sakawit brahmana-devadasi, excesipun "aureooling heiligheid en kuisheid sumilak dados badhut-wilwa ...

Mangsuli bab precessie badga Mulud.

Wontênipun tanpa mataya tuwin kidunging kênya, bokmanawi panggalihipun reconstructor kawadèkakên ingatasing agami Islam. Dene minangka wêwahan katrangan, tempelfeesten ing Bali punika angsring dintênan, kula nate ngalami; ing Gèlgèl, Klungkung, Kasiman etc. ing plataran pura gangsa ngangkang rintên dalu. Malah angsring mawi cucalan. Dene ingkang sami sêsaji anglur urut-urutan sami mangangge sarwa èdi. Asri dinulu. Saya yèn kêsorot sunaring rawi tunggang gunung kleurenschakering tumamèng anekawarnaning wastra, tuhu ngêlam-êlami.

Samangke pitakèn kula dhatêng para Sdr. bèntênipun kalihan sêkatèn ngangkang ing plataran mêsjid Agêng 7 dintên punapa? Bèntênipun kalihan miyosing ajad dlm parêdèn ing bagda Mulud punapa?

Nuntên parêdèn punika kenging binasakakên tumpêng agêng isi têtêdhan warni-warni. Sarèhne gandhèng kalihan vruchtbaarh larasipun kalihan cêpênganipun, ukiranipun, capipun cb, mungkin ugi nyamatipun, botên aèng upami rumiyin ing nglêbêting parêdèn ugi dipun isèni lingga, kados ing Yunani jaman purbakala:

Liknon is Grieks, phallos, symbool een wan gevuld met vruchten m.o. een phallus half verborgen was. Ook i.d. Gr. satyrspelen bekleedt't phalistis een grote rol. Paredenipun zelf sampun symbooling lingga-yoni: badhe punapa malih.

Wêwahanipun pk. Abdulmukti "sêkar lorodan sumping, gombyokipun cb punika dados rêbatan jalu-wanita kangge"jimat angsala bêrkah". Awit saking punika pitakèn kula dhatêng para Sdr.: "yèn cb punika badhut, punapa inggih dipun suwuni barkah tiyang sanagari"?

Amung punika sêsêrapan kula, lêrês lêpat têrsilah para miyarsa.

--- 11 ---

Pitakenan:

1. K.P.H. Suryosurarso: praupanipun ingkang mikul parêdèn punika ingkang satunggal pêthak, maksudipun punapa?

2. G. P. H. Suryobroto: kok dados samiripun R. A. Adipati Sêdhahmirah bêlah-kêtupat punika gadhah maksud punapa?

Wangsulan:

1. Bokmanawi namung saking kalintu: dèrèng kula tamatakên. Awit wosipun ingkang kula priksakaken punika parêdèn.

2. Sampun kula têrangakên nalika sêsorah bab "noworêtno". Ewadene sapunika kalayan singkat: R. A. Adipati Sêdhahmirah punika ugi gadhah wajib rumêksa pusaka dlm = "heilige erfstukken", dados sagêd ugi kinanipun panjênênganipun inggih geheiligd. Tur panganggenipun namung sabên grêbêg, tingalan botên, Kampuhipun tambal = compleet.

Carik inggih tambal = ingkang rumêksa sêrat-sêrat sagêd ugi wontên ingkang heilig; cb + niyogo = bangsaning tambal.