Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Bubak Kawah - Langkahan Tingkêban, Mangun Wiryatmo, 1990, #1092

Katalog:Kawruh Bubak Kawah - Langkahan Tingkêban, Mangun Wiryatmo, 1990, #1092
Sambung:-

[Grafik]

--- 0 ---

Kawruh Bubak Kawah - Langkahan Tingkêban

Warahdalêm Para Panjênênganipun Nata Hing Karaton Surakarta Hadiningrat

Karipta Dening: S. MANGUN WIRYATMO

Cendrawasih - Surakarta.

--- 0 ---

Purwaka

Kulanuwun.

Botên beda kaliyan rèh-wêwêngkon ing mèh sa-indênging Nuswantara, ugi Surakarta hanggadhahi SUMBÊR KABUDAYAN. Inggih punika KARATON SURAKARTA.

Makatên ugi Kabudayan Karaton wontên PANG-2-IPUN ingkang pantês lan wajib dipun lêluri, pêpêtri mrih lastarinipun sarta dipun ngrêmbakakakên. Mila pangriptaning pèngêtan-pèngêtan budaya Jawi Karaton punika kadamêl Sêrat, minangka pancadan tumrapipun Warga-pa-bêrayan-agung anggèning NGRUMAOSI HANGGADHUH HANGRÊNGKUH SARTA HALABUH dumatêng Bangsa lan Nagari.

Pangripta ngaturakên sakêlangkung agêng ing panuwun katur KRMH Yosodipura, ingkang tansah paring sêsuluh ing bab wau. Sarta pangripta hasêsanti mugi Sêrat Sapala punika wontêna paedahipun, sanadyan dipun rumaosi kathahing kêkiranganipun. Nuwun.

Sukoharjo, Juni 1990.

Nêdhak/Mêthik/Ngêlihbasa Sêrat punika, kêdah hingidenan Pangripta. Nuwun.

Pangripta,

--- 1 ---

Bubak Kawah

Tatacara lan Upacara

Sampun botên sagêd dipun selaki, biLlih Tatacara dalah Upacara Pêngantèn, punika tumrapipun ing rèh Surakarta, sami hanulad saking Sumbêripun. Inggih punika Karaton. Sanajan botên hangêplêgi. Nanging sak botên-botênipun ingkang kapêndhêt, makna sarta tumrapipun ingkang pitados, sagêda angsal Barkah. Amargi Tatacara sarta Upacara Karaton, punika dhasaripun Uwoh Pangolahing Budi, sarta salajêngipun dipun anggêp wontên daya kêkiyatanipun alus. Ing Kawêruh Karaton, dipun wastani: Prabowo. Langkung-langkung, bilih sadaya wau, yasanipun para Panjênêngandalêm Nata, utawi apêsipun dening Para Linangkung ingkang nampi Dhawuhdalêm Narendra miwah kasêmbahkasêmbuh. gênturing kasutapanipun para Êmpu utawi Pujangga. Awit saking punika, Priyantun sapunika limrahipun botên wani ngewahi, kajawi ingkang rumaos kalêbêt kadosdene Para Linangkung ing kinanipun.

Mêkatên ugi bab BUBAK KAWAH. Punika kalêbêt peranganing Tatacara Pêngantèn. Limrahipun ing sakjawining Karaton, dipun wontênakên ing sangajênging Krobongan.

Wondene kinanipun, Tatacara Bubak Kawah punika, mawa sarana utawi Upacara: Klênthing, kaisenan Parutaning Dêwêgan, sasampunipun dipun sigar-têngah. Tinutupan [Ti...]

--- 2 ---

[...nutupan] suwekan mori-pêthak. Ingkang nindakakên Pinisêpuh priya utawi wanita, suka wêjangan dhumatêng badhe-pêngantèn èstri, ing wêkdal Midadarèni. Sasampunipun, lajêng ngêcakakên mantra, sarwi mbikak tutuping klênthing wau.

Mênggah maknanipun ngawontênakên Tatacara punika, suraosipun botên sanès, nyuwun dhumatêng Hingkang Maha Kawasa, sagêdipun Pêngantèn, hanggadhahana turun. Pramila ubarampenipun hawujud Dêwêgan, ingkang kapêndhêt Pasêmonipun Papan-piningid.

Tumrap ing Surakarta, wiwit jumênêngdalêm Sampeyandalêm Hingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakoe Boewono IX, kaparêng hangewahi caranipun, kabêsut: sampun kadamêl rujak dêwêgan ingkang mawa raos lêgi lan gurih. Winadhahan gêlas, dipun ombe bapakipun pêngantèn èstri ing wêkdal bibar Panggih wontên sangajêng Krobongan. Ibunipun pêngantèn èstri lajêng pitakèn; "Kêpriye rasane, Bapakne?" Dipun wangsuli: "Sêgêr sumyah, sumrambah wong sa-omah!" Rujak dêwêgan lajêng kalorod ibunipun pêngantèn èstri, lajêng kalorod malih pêngantèn priya, pungkasanipun kalorod pêngantèn èstri.

Mêkatên punika, kêparêngdalêm Hingkang Sinuhun, sampun hanggambarakên "pêngajap" hanggadhahana turun sarana lambanging "papan piningit" awujud dêwêgan wau Dene manawi sampun sagêd hingidenan dening Hingkang Damêl Gêsang, mapan inggih punika ingkang dipun

--- 3 ---

pêndhêtakên sanepanipun "lêgi" lan "gurih" raosing rujak Dêwêgan. Dados hatur-syukuripun "tiyang sa-omah kasrambah". Mila ing Tatacara, dipun kêtingalakên tuwin dipun saranani pangucap: "sêgêr sumyah sumrambah wong sa-omah!".

MANTU KAPISAN

Sampun mratah, bilih Tatacara Bubak Kawah punika, dipun wontênakên hamung manawi sawêg mantu sêpisanan. Ingkang nama mantu, punika, mantokakên anak èstri. Kinanipun, kalimrah anak èstri ingkang pambarêp. Sabab, ing kinanipun, awis-awis anak pêmbarêp dipun langkahi sadhèrèk ênèm. Amargi tumrapipun tiyang asêpuh, makèwêdi. Nanging sapunika, sampun limrah, mênawi sadhèrèk sêpuh dipun rumiyini sadhèrèk ênèm. Amargi, manut warahdalêm Hingkang Sinuhun Pakoe Boewono IV: "Titah manungsa, haywa hanamtokake tibaning titi jodhone hanak-wadon. Jodho hiku awit saka Karsaning Ywang Widhi. Êndi kang dhingin hantuk jatukrama, tumuli lilakna, linambaran Tatacara miwah Hupacaraning Langkahan".

Awit saking punika, mila kaprahipun, sanadyan mantu botên anak pêmbarêp, nanging kapisanan anak èstri, têrkadhang mawi dipun wontênakên Tatacara Bubak Kawah. Punapa malih hangèngêti, bilih pikajêngipun ""gadhaha-turun", ugi mêngku makna, bilih tiyang-asêpuhipun lare èstri, sampun "rila": "kawahing anak èstri, pinurwakan/binuka dening lare jalêr (mantunipun)". Pramila, [Pra...]

--- 4 ---

[...mila,] kados katêrangakên ing ngajêng, bilih mula-bukanipun ing kina, bubak kawah mawi sarana "klênthing". Sami pasêmonipun, rikala badhe-pêngantèn-èstri ing pungkasaning tatacara Siraman, tiyang sêpuhipun mawi "banting klênthing utawi kêndhil". Sarwi ngucap; "Ora mêcah klênthing/kêndhil, nanging mêcah "pamore anakku jabangbayi … (namanipun)".

Manawi mantu sêpisanan anak pêmbarêp èstri (sapunika têrkandhang pundi ingkang rumiyin, dèrèng têmtu pêmbarêp), mawi dipun saranani Tatacara Bubak Kawah, sawangsulipun manawi mantu pungkasan (sapunika dèrèng têmtu anak wuragil, nanging pundi ingkang kantun), mawi dipun saranani Tatacara:

TUMPAK / TUMPLAK PUNJÈN

Tumpak utawi Tumplak Punjèn, punika ugi kalêbêt Tatacara Pêngantèn, dipun wontênakên ing sangajêng Krobongan. Hamung cara sarta Upacara utawi pirantosipun miwah Pikajêngipun beda kaliyan Bubak Kawah katêrangakên ing ngajêng. Têmbung Tumpak punika sami kaliyan Tumplak. Têgêsipun ngêsokakên. Dene Punjèn punika barang darbe ingkang dipun punji-punji utawi dipun klêmpak-klêmpakakên wiwit dados pêngantèn (tiyang sêpuhipun). Dados Tumpak Punjèn punika têgêsipun: Numplak barang-darbèkipun ingkang wiwit rumuyin dipun punji-punji. Sarêng sampun têlas anak èstri dipun emah-emahakên, [emah-...]

--- 5 ---

[...emahakên,] minongko bingah-bingahipun sarta minongko mratelakakên rilalêgawaning manahipun, sadaya barang darbèkipun wau dipun sok-akên sadaya dhatêng anak putu dalah buyut-buyutipun. Punika pasêgsèn, bilih tiyang sêpuh sampun botên mbêtahakên bandha-darbèkipun ingkang kangge bêtahipun piyambak. Sadaya sampun pasrah dhatêng anak-putu saturunipun. Dene sadaya barang darbèkipun wau, dipun wujudakên: êmpon-êmpon, uwos jêne, sawêrnining arta kumrincing ingkang kadamêl saking-pamelikan. Arta êmas, sêlaka, têmbaga. Katêlahipun, wadhahipun ingkang dipun sok-akên wau, ugi nama punjèn utawi ponjèn.

Kinanipun, Tatacara punika, pancèn lugu dipun êsokakên ing sangajêngipun Krobongan, manawi anak-anak sarta putu tuwin buyut-buyutipun sampun sami ngêmpal Lajêng dipun rayah. Nanging, ing alam Jumênêng dalêm Hingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakoe Boewono IX, tumrap ing Surakarta, kadhawuhan hangewahi, dipun bêsut. Inggih punika. botên kaparêngakên dipun sêbar sarta supados dipun rayah. Nanging, dipun buntêl kanthong alit-alit, cacahipun kajumbuhakên kaliyan cacahipun jiwa anak-putu-buyut ingkang badhe dipun paringi. Malah limrahipun sagêd lumèbèr dhatêng tamu-tamu. Mêkatên punika, kêparêngdalêm, paring warah, supados tiyang punika sampun ngantos rêmên rayahan. Kaladukipun dados pakulinan njarah-rayah. Sawangsulipun, paring pêpèngêt, bilih titah manungsa punika, wajibipun

--- 6 ---

mangêrtos dhatêng "panduming dumadi".

Dados manawi ing Surakarta, hanelad saking Sumbêripun, inggih punika Karaton, Tatacara Tumpak Punjèn punika mêngku makna wêrni gangsal.

1 Hanggêmèni (kêklêmpakaning barangdarbèkipun tiyang asêpuh).

2 Ngrêksa kêsarasan (pasêmonipun êmpon-êmpon).

3 Ngrêksa kawilujêngan (pasêmonipun uwos jêne).

4 Rila-lêgawa lan bingah-bingahipun tiyang sêpuh anggènipun sampun sagêd ngêntas anak-anakipun èstri ingkang bêbasan raja-brana utawi kaskayaning bêrayat (pasêmonipun arta rècèh saking pamelikan).

5 Suka warah sampun ngantos kulina njêjarah, nanging mangêrtosa dhatêng panduming dumadi (buntêlan ka-êdum, botên dipun sêbar supados karayah).

ANAK ÈSTRI SAMPUN TÊLAS

Tatacara Tumpak Punjen mêkatên, mênggahing bêrayat-warga, sêjatosipun ugi ngiraspantês suka wuninga dhatêng para tamu, bilih bêrayat wau sampun têlas anakipun èstri. Têgêsipun, hambokbilih dèrèng kathah ingkang sami ngêrtos, nanging badhe nggadhang bêbesanan, utawi nêmbungakên anakipun jalêr hangêmong anakipun èstri. Manawi mawi tatacara Tumpak Punjèn, mila lajêng sami ngêrtos, bilih bêrayat wau sampun botên gadhah anak èstri. Sinasmitan wontênipun Tatacara Tumpak Punjèn.

--- 7 ---

ANAK ÈSTRI NAMUNG SATUNGGAL

Sampun katêrangakên, bilih ingkang nama Mantu, punika manawi hanjodhokakên anak èstri. Manawi anak jalêr, limrahipun botên dipun namakakên mantu. Ing kinanipun, dipun wastani: "gadhahdamêl ngangkatakên anak jalêr". Dene benjingipun winastan "ngundhuh mantu" Inggih punika, ing kinanipun, mantukipun anak jalêr, hamboyong semahipun (mantu èstri) mantuk dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun. Wondene manawi anak èstri namung satunggal, sampun mratah ugi dipun wontênakên "bubak kawah" (ngombe rujak dêwêgan) kaliyan ugi dipun jangkêpi "tumpak punjèn". Mêkatên punika ugi dados sasmita, sampun botên gadhah anak èstri malih.

MIDADARÈNI

Ing ngajêng wontên têmbung Midadarèni. Inggih punika sontên utawi dalu, malêm badhe Nikah. Manawi sumbêr saking Karaton, nyêbatakên, bilih Midadarèni punika, "nanggapi tumêdhakipun Widadari (lan Widadara) ingkang badhe maringakên pangèstu dhumatêng ingkang gadhahdamêl mantu punapadene dhatêng badhe-pêngantèn èstri sarta jalêr. Mila ing wêkdal Midadarèni, badhe mantèn-jalêr, hanjonggol dhumatêng griyanipun badhe marasêpuh. Mratelakakên sumanggêm enjingipun badhe kanikahakên manut agami panutanipun".

Têmbung "manut agami panutanipun" kaliyan têmbung "Midadarèni", punika pasêgsèn, manunggalipun agami kaliyan kapitadosan Kêjawèn.

--- 8 ---

Kados sampun nate katêrangakên, bilih para panjênêngandalêm Nata ing Karaton Surakarta punika, tansah hanelad, hangèstokakên Lêluhurdalêm. Inggih Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma; Jawa bêcik hanganuta Agama (Islam).

Wêjangan ing Bubak Kawah ing kinanipun

Rikala dèrèng kabêsut Hingkang Sinuhun Pakoe Boewono IX, taksih mawi Klênthing isi parutan dêwêgan tinutup mawi mori pêthak. Sadèrèngipun kabikak, Pinisêpuh langkung rumiyin suka Wêjangan tumrap salakirabi. Nanging Hingkang Sinuhun hanambahi Upacara utawi Ubarampenipun. Dene warahipun, kêparêngdalêm hanulad Hingkang Sinuhun Pakoe Boewono IV, dados kalêrês Eyangbuyutdalêm.

SÊSAJI KIDANG SOKA MAHARÊTNA

Sêsaji punika, Wêjanganipun kajawi wontên ing Tatacara Bubak Kawah, ugi adhakan kaêtrapakên ing Tatacara Mandapipun Kêmbarmayang. Sêsaji punika, sêjatosipun kalêbêt Sastra Cêtha Piningit. Kawujudakên "tumpêng", nama Tumpêng Kidang Soka Maha Rêtna. Rupinipun tumpêng; Pêthak mawi katancêban bandera pêthak-abrit, nama Bandera Ujung Gunung Purusa. Pêthanipun kadidene Kêtupat Pêthak Abrit. Punika pasêmon Palênggahan utawi Dhamparipun Bathara Kamajaya lan Ratih ingkang badhe paring Wiji Mulya dhumatêng para Titah ing Arcapada. Liripun:

--- 9 ---

Gumêlaring Jagadraya, punika wontên sêjarahipun. Dados botên jênggêlêg dados gumêlar, botên. Mila, Bathara Kamajaya lan Ratih, lajêng paring pitutur dhumatêng titahipun, supados hangêrtosi sapintên agênging wigatosipun sêsemahan mrih sagêda runtut. Sapintên Agunging Gusti Hingkang Maha Agung. Kaparingan saloka utawi prêlambang upacara wau.

KIDANG SOKA, punika Kidang ingkang sami posah pasehan, sami lironsih. Dene MAHA RÊTNA, punika Maha Agung datan ana Pêpindhane. Rêtna, punika piwulang cacah wolu. Kacakup ing saloka adi luhung pahugêraning salulut. Hanggêr-hanggêr 8, Tatanan 8, Ukum 8, sadaya dados pathokaning sêsemahan. Supados botên dhawah kablingêr ing panasaraning tumindak. Sampun ngantos Wiji Mulya, dhumawah alam jagading sato kewan! Sadaya wau: Kitab, Wedha jantraning lampahipun Tumuwuh Bêbrayatan Agung, sagêda ngugêmi waton Bandera Ujung Gunung Purusa. Dene pilah-pilahipun:

1 Dèn waspada ing wanci, (dintên ingkang sae).

2 Dèn waspada ing kewuh, (pilih papan).

3 Dèn waspada ing sêmbah, (mangèsthi ing Gusti).

4 Dèn waspada ing sliring, (datan pinrudapaksa).

5 Dèn waspada ing akasa, (sabar ing manah sarèh ing tindak).

6 Dèn waspada ing pratiwi, (wangsul dhatêng Dhating Gusti).

7 Dèn waspada ing luluh, (ngêndhalèni harda).

--- 10 ---

8 Dèn waspada ing tuwuh, (èngêt wêdhaning jagad)

Mênggah wêrdinipun Bandera UJUNG GUNUNG PURUSA pêpêthan Kêtupat Pêthak Abrit, sagêd kapratelakakên mêkatên:

Pêthak ing ngajêng, Abrit ing wingking. Punika lambang PANGUWASANING BAPA lan BIYUNG. Mawa lancip beda arahipun, sahadêg abên gêgêr. Satleraman mêkatên, landhêpipun katingal namung kalih, ing pucuking Pêthak lan Abrit. Nanging sajatosipun, tumrap ing abrit wontên tiga, ing Pêthak ugi tiga. Pilahipun:

PÊTHAK, punika lambang gêtihing Bapa.

Landhêp I: ginadhuh ing sipat bapa, manggèn ing êmbun-êmbun.

Landhêp II: ginadhuh ing sipat bapa, manggèn ing ula-ula. Nama Janur, awujud toya-jênar.

Landhêp III: ginadhuh ing bapa, nama Nila-maya, wujud toya biru.

Toya têtiga wau, sagêdipun hambabar manungsa, kêdah sagêd manunggal.

ABRIT, lambang gêtihing Biyung, manggèn ing Papan-piningid.

Landhêp I: ginadhuh ing biyung, nama kawah.

Landhêp II: ginadhuh ing biyung, nama ari-ari.

Landhêp III: ginadhuh ing biyung, nama toya susu.

Mênggah cacahing tumpêng, sadaya wontên 4 iji, sarta jangkêping tatacara, tinênggan utawi kahampil priyantun priya punapa wanita, cacah 18. Kaperang 2 pontho. [pon...]

--- 11 ---

[...tho.] Ingkang sa-pontho cacah priyantun 9, winastan Lulut, sa-pontho malih ugi cacah priyantun 9 nama Tutur.

LANGKAHAN

Rèhdene ing ngajêng sampun wontên têmbung Langkahan, pramila ing ngandhap punika, kapratelakakên sawatawis ing bab Tatacara wau. Tatacara sarta Upacaraning Langkahan, punika nama TUTUR SÈWU ADI LINUWIH. Sarananipun TUMPÊNG SINDULA PANGASIH. Têgêsipun: têlênging sadaya SIH. Inggih sihipun ingkang dipun langkahi. Kinanipun, hamung kalêrês mbakyunipun. Nanging sapunika, ugi kamasipun badhe pêngantèn-èstri. Jangkêpipun mawi Têkên AYAM PANGGANG, sinuduk mawi TEBU WULUNG. Têrkadhang mawi dêling alit. (Desa mawa cara Nêgara mawa tata). Caranipun: badhe-pêngantèn-èstri, tutwuri hanggondhèli sadhèrèkipun sêpuh ingkang dipun langkahi. Ingriki punika, ingkang baku: ingkang nglangkahi, mratelakakên kanthi tulusing manah: "mbakayu ... Kulas sadarmi nêtêpi garising kodrat, hantuk jodho rumiyin. Mila, kula nyuwun lilah sarta rila lêgawaning pênggalih, tuwin nyuwun pangèstu kalêrêsan anggèn kula jêjodhoan".

Ingkang dipun langkahi, kanthi tulusing manah, suka wangsulan: "Ayo di ..., ndak tuntun munggah gunung sindula Pangasih. Dimèn anggonmu nêtêpi garising kodrat, raharja mulya ing sapandhuwur. Halêlantaran Têkên SIDADADI, têkèng puncak aran KUMALASA [KU...]

--- 12 ---

[...MALASA] JAMUS. Mudhun Jurang aran DÊRBALA ANAK".

Ingriku, para Pinisêpuh, sami hambatos, adhêdhasar "Sastra Binedhati", ingkang awit saking Kaparêngdalêm SAWARGA SAHANDHAP SAMPEYANDALÊM HINGKANG MINULYA SAHA HINGKANG WICAKSANA HINGKANG SINUHUN KANGJÊNG SUSUHUNAN PAKOE BOEWONO HINGKANG KAPING X ING KARATON SURAKARTA HADININGRAT, kaliyan kasêbut basa Jawi:

1 kang hangrêncana, mariya luwih!

2 kang hanêkani, hilanga kaluwihanira!

3 kang awèh luwe, hamarêgana!

4 kang awèh mlarat, hanyukupana!

5 kang hanyikara, mariya nangsaya!

6 kang hamêrangi, laruta kêkuwatanira!

7 kang pra-cidra, kogêl-wêlasa!

8 kang dadi hama, yogya hasiha!

Sajatosipun, HARDI SINDULA PÊNGASIH, punika lambang Sih Wilasaning Gusti Kang Maha Agung. Puncaking hardi KUMALASA JAMUS. Kumalasa têgêsipun Watu Irêng. Jamus, ugi Cêmêng nanging kang mawa Cahya. Dene Cêmêng atêgês Langgêng, Cahya; Padhang

Têkên Panggang Ayam, nama SIDADADI, têgêsipun Kalakon kabèh kang ginayuh nora hana alangane. Pungkasaning pangajap, sampun botên kirang gamblang; Handêrbala anak.

--- 13 ---

TUTUR SÈWU ADI LINUWIH

Tutur Sèwu Adi Linuwih, punika sêjatosipun Tatacara dalah Upacaraning Dulangan, utawi dhahar-kalimah Ing kinanipun, botên awujud Sêkul-Pêngantèn. Sak punika wujud mêkatên wau, inggih awit sampun kabêsut awit saking Kaparangdalêm Hingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakoe Boewono IX. Nanging ing rumiyin, awujud Tumpêng Cacah 9. Punika kadidene pasêmonipun sarta namanipun cacah 9 wau:

1 Tumpêng Tunggarana, isi êntèn-êntèn. Suraos: "wêruha kang hanguripi".

2 Tumpêng Puput, isi tigan ayam. Maknanipun: lêpas utawi putus. Mandhiri kadidene puput-pusêr. Wis ora dadi gawene wong tuwa.

3 Tumpêng kesawa, isi sirah ayam. Suka pitêdah; Padha olaha kridhaning urip bêbrayan, têwêkêl ing gawe.

4 Tumpêng Bêdhah Nagara, isi klapa tanpa kulit-sêpêt-bathokipun. Kantun klapa wêtah. Têgêsipun; kêmpaling priya lan wanita sampun sah.

5 Tumpêng Sangga Langit, isi kêtan abrit-pêthak. Têgêsipun: Wêruha asal-mulamu, ya gêtihing bapa-biyungmu, bêktènana.

6 Tumpêng Kidang Soka, isi arta rècèh bribil dumugi ringgit. Pêpeling: Aja handuwèni watak kêmratu-ratu. Elinga, dadine gêdhe saka cilik!

7 Tumpêng Pangapit, isi pari, jênang abrit-pêthak. [abrit-p...]

--- 13 ---

[...êthak.] Têgêsipun: padhang-pêtênging lêlakon titah, kapurba-kawisesa ing Gusti.

8 Tumpêng Manggada, rinêngga tigang takir sêkul loyang. Têgêsipun: Nora ana gumêlar jagad kang asipat langgêng, elinga!

9 Tumpêng Pangruwat, mawi pisang raja kusta utawi raja talun. Pêpèngêt: Bêktiya marang mara-tuwa pindha Gusti hangejawantah.

Rèhdene sadaya wau mêngku wigatos, ugi dados pasêmonipun sarêsmi, mila manawi ing Karaton, Tatacara Dulangan, dipun wontênakên ing Patênggan, botên kalilan kasumêrêpan sintêna kemawon!

Mugi sadaya wau, botên ical talêring makna ingkang baku, mrih piwucaling Lêluhur Luhur Linangkung ing nguni botên dhawah papa nistha.

--- 15 ---

TINGKÊBAN

Têtiyang Jawi punika gadhah salahsatunggalipun tatacara ingkang salajêngipun dados adat, manawi tiyang èstri sampun wawrat. Inggih punika damêl wilujêngan sarta sêsaji, sasampunipun wawrat 3 wulan, ngantos dumugi titimasa wulan badhe lairipun jabangbayi. Wontênipun tatacara punika, hanulad lêlampahan satunggaling kawula èstri ing jaman Karaton Kêdhiri, nama Nikèn Satingkêb semahipun pun Sadiya.

Kacariyos, jêjodhoanipun Sadiya lan satingkêb kala samantên, sagêd runtut lan atut, nanging sabên nglairakên anak, botên sagêd lastari dipun êmong. Ngantos rambah kaping sanga, anak botên ngèngèr sadaya. Saking nalangsaning manah, lajêng sami nênêpi dhatêng satunggaling papan ingkang hanut piyandêlipun sagêd suka pitêdah kasêmbadaning gêgayuhan gadhah momongan. Botên watawis dangu anggènipun nglampahi brata, pun Sadiya tampi wangsit, bilih sagêdipun gadhah momongan supados nyuwun sihwilasaning Nata ingkang Jumênêng ing Karaton Kêdhiri jaman samantên. Ringkêsing cariyos, pun Sadiya dalah semah sami sowan ngarsaning Sang Nata, Prabu Widayaka inggih Prabu Joyoboyo. Awit saking dhawuhipun Sang Prabu, kadhawuhan nyaranani wêrni 3. Inggih punika: 1. Sabên dintên buda sarta Tumpak, kadhawuhan adus grujug têlês sarambutipun, ing wanci sontên sadèrèngipun sêrap-surya. Cidhukipun [Ci...]

--- 16 ---

[...dhukipun] bathok, tuwin dipun sarêngi sêsanti:

"Niyat ingsun hangurip-urip wiji-dadi".

"Wiji-dadi-ningsun, ya Jatining Wisesa".

"Ingsun puja, lastariya dadi manungsa hurip".

Srana angka 2: Sarampungipun adus, supados santun pênganggèn sarwa rêsik, sarta mawi ngandhut cêngkir-gadhing dipun sungging citranipun Bathara Kamajaya lan Bathara Ratih. Dipun brojolakên mêngandhap. Srana ingkang angka 3: Mawi kêndhit kadamêl saking ron têbu-tulak, inggih punika, roning têbu wulung lan têbu pêthak nyatungal lêmbar. Manawi sampun kadamêl kêndhitan, lajêng dipun tigas mawi wilahing dhuwung.

Sampun katêrangakên ing nginggil, bilih tatacara makatên punika, wiwitipun manawi sampun wawrat 3 wulan. Salajêngipun dumugi wulan badhe lairing jabangbayi, nanging namung sabên wulan ganjil. Dados, ngancik wulan kaping 4, kaping 6 (wawrat 5 wulan) sapiturutipun Nanging sasampunipun jaman Dêmak, kalimrah namung kapêndhêt manawi wawrat 7 wulan kemawon, winastan MITONI. Pramila santunipun pênganggèn sarwa rêsik wêkdal wilujêngan Mitoni, lajêng katêlah TINGKÊBAN, santunipun inggih rambah kaping 7. Dene dintênipun lastari Rêbo utawi Sabtu nyarêngi tanggal angka ganjil sadèrèngipun tanggal 15 wulan Jawi, wanci titimasa tumêdhakipun para widadari anggènipun sami siram ing sêndhang. Inggih punika watawis jam 11 siang. Wilujêngan Mitoni mêkatên, kalimrah namung katindakakên dening

--- 17 ---

tiyang èstri sawêg wawrat sêpisanan. Pangajabipun, inggih wiwit ngandhut kapisan wau, ing sapanginggil sagêd lastari wilujêng kenging kahêmong.

Cathêtan ingkang pinanggih ing Karaton surakarta nyêbatakên, wiwit jaman Dêmak, wilujêngan tumrap wawratipun tiyang èstri punika wujudipun dados titikan kathahing wulan ngandhêgipun. Upaminipun wiwit ngancik wulan 4 wulan, winastan wilujêngan Nigang-wulani, wujudipun wilujêngan: Jênang pêthak, winastan Jênang Bêning, Jênang Sungsum, Sêkul Punar kaponthang mawi ulam gorengan. Pikajêngipun:

- Jênang bêning = wiji umur 1 wulan, taksih wêrni toya (pêthak-bêning).

- Jênang sungsum = wiji umur 2 wulan, wêrni kados toya campur rah.

- Sêkul punar = wiji umur 3 wulan, wiwit kênthêl kêmpêl, bêning sulak jênar (= jêne), sêmu abrit.

Manawi wawrat ngancik 6 wulan (ngandhut 5 wulan), wilujênganipun: 4 wulan sarêng 5 wulan, pirantosipun: Kupat gudhêg = wiji umur 4 wulan, sampun njêndhêl ing wadhah. Tumpêng janganan winastan Mêgana = wiji umur 5 wulan, sampun gatra, utawi gana sipatipun. Wiwit punika, kêdah sampun ngirang-irangi tilêm kaliyan semah.

Wawrat ngancik 8 wulan (wawrat 7 wulan), wilujêngan 6 wulan kasarêngakên 7 wulan, winastan MITONI.

Wujudipun: Apêm Conthong = wiji sampun sêmburat

--- 18 ---

abrit daging. Wiji umur 6 wulan. Tumpêng janganan cacah 7, wiji umur 7 wulan, mawi tigan godhogan ugi cacah 7, wiji sampun jangkêp sipatipun. Wiwit titimasa punika, sampun botên prayogi tilêm kaliyan semah. Ingkang wawrat kêdah sampun ngantos kêkathahan ngombe supados botên ngagêngakên kandhutanipun. Nyuda nêdha, supados botên nyuburakên badanipun, adus wanci siang botên prayogi. Mila nêdha lan ngombe bêbasan namung manawi ngêlak lan luwe kemawon. Padharan kêdah kadamêl lokak, sampun nêdha ngantos tuwuk. Sêkêdhik-sêkêdhik rambah-rambah, langkung prayogi, tinimbang sêpisan nanging kê-tuwukên. Sadaya wau, pamrihipun supados ingkang kakandhut, têtêp alit, sabab nggampilakên benjing dhumawahing lèkipun.

Ing kawontênan limrah, lèking jabangbayi punika racakipun manawi kandhutan umur 9 wulan. Nanging, hamekani, hambokbilih wawrat 7 wulan sampun dhumawahing lèk, mila wilujênganipun dipun wontênakên dumugi wawrat 7 wulan wau, winastan Mitoni utawi Tingkêban.

--- 19 ---

SAJÈN LAN WILUJÊNGAN TINGKÊBAN

Sajèn lan wilujêngan punika, pirantos-pirantos ingkang wontên gêgayudanipun kaliyan piyandêl, dipun wontênakên mrih slamêt utawi rahayunipun. Namung bedanipun, sajèn punika botên eca katêdha ing tiyang, dene wilujêngan, limrahipun wujud têtêdhan ingkang sagêd katêdha ing tiyang.

Ing kinanipun, pirantos Siraman Tingkêban punika:

Jêmbangan isi toya dipun sukani sêkar manca-warni, katêlah nama sêkar Sêtaman, têgêsipun sêkar-sêkar pinanggih ing taman. Punika kangge adus, lan pikajêngipun, rêrêsik Kêwadhagan, sêsêgêr sarana ambuka ganda arum wêwangèn, lan nyêktosi dhatêng pêparinging Pangeran kang sarwa endah lan èdi, wêwujudan sêsêkaran manca-warni wau.

Cidhukipun bathok. Pêpiridanipun: sakawit ingkang baku, pasêmonipun cêngkir (gadhing utawi sanèsipun), punika lambang wadhah bayi. Rèhne wêkdal siraman wau nama sampun kêparêngakên panyuwunipun, nanging dèrèng lair, mila bathok wau dados pasêmon sapalihipun panyuwunan. Kosokan mawi lulur, kadamêl saking glêpung uwos-manca-warni, kacampuran mangir, pandhan wangi karajang lêmbat tuwin ron kêmuning kapipis. Sadaya wau nama pirantos adus, ngicali rêrêgêd (lulur). Kasêmbuh wêwangèn (pandhan wangi) sarta wontêna sunar utawi hanggadhahana cahya saking dayanipun mangir [ma...]

--- 20 ---

[...ngir] lan kêmuning. Dene uwos manca-warni punika, sakathahing jênis uwos, dados lambang pangaji-ajinipun dhatêng ingkang hangrêgsa Dèwi Sri. Têgêsipun botên beda-bedakakên wêrnining uwos lan pari. Ingkang kasuwun nyirami, pinisêpuh kaputrèn ingkang pantês ka-alap bêrkahipun, sae sugêngipun, kagungan turun ingkang sagêd nyuwargakakên tiyang asêpuh, kacêlak kamulyan lan kadonyanipun lan sasaminipun. Cacahipun sadaya priyantun 7 (nyumêrapi cacahing dintên). Utawi 9 (nyêktosi bolong 9 ing sarandhuning badan manungsa ingkang wajib karêgsa murninipun). Ing Agama Islam, karuntutakên kaliyan cacahing para Wali, ka-ajab pêparingipun barkah.

Linggihipun ingkang tingkêb, dhingklik alit, sacêkap kangge jumênêngipun ingkang nyirami. Linambaran ron-ronan: winastan "apa-apa". Têgêsipun ron punapa kemawon ingkang pinanggih ing kiwa-têngên riku, nanging ingkang wontên namanipun ingkang cundhuk pikajêng ingkang sae. Upaminipun: kluwih (linangkung), kara (têtulak rubeda), maja (botên enggal sêpuh utawi awèt ênèm), dhadhap-sêrêp (lastari saras) alang-alang (supados katurutan sêdyanipun kalis ing alangan), klasa kalpa (kalpa = langgêng, dados pangajab panjang umuripun). Inggih punika klasa pandhan alit, sinèrèt abrit ing pinggiripun. Dados pasêmon bapa-biyung (pêthak-abrit, klasa lan sèrètipun). Lajêng dipun lèmèki sêmbêt warni-warni; lètrèk. Nam-naman lawe ulês wêrni-wêrni ingkang arang panganamipun, ulês jingga, jêne, bangotulak (= biru-pêthak). [biru-pê...]

--- 21 ---

[...thak).] Sindur, sêmbagi sinjang Tuluhwatu, sinjang cakrik yuyusêkandhang lan sasaminipun. Nanging sajatosipun, sadaya wau bakunipun namung bêbakalaning sandhang, inggih punika: lawe, utawi lawon pêthak. Têgêsipun, dèrèng kalepetan rêrêgêding dunya.

Manggènipun adus, ing pakawisan kiwa utawi têngêning riya,griya. katutup mawi krobongan, rinêngga têtuwuhan jangkêp. Kontênipun majêng mêngetan, mapag plêthèking surya, sumbêring daya kêkiyatan. Wilujênganipun, sêkul janganan sa-pêpakipun jajan-pasar, kasandhingakên pirantos sanès-sanèsipun: Jênang abrit-pêthak (abrit wontên ngandhap), pasêmon bêbakalaning manungsa.

Jênang baro-baro. Punika jênang katul katumpangan sisiran gêndhis klapa lan parudan klapa. Maknanipun; abrit-pêthak ingkang sampun dados, kasangga, kawêngku utawi halêlantaran bapa-biyung. Baro-baro = babaraning karo, têgêsipun uwoh sarêsminipun bapa-biyung.

Sriyatan. Kadamêl saking wijèn, kêdhêle, kacang kagangsa ing gêndhis. Pikajêngipun supados kandhutanipun lastariya, utawi ka-ajab sagêda gêsang dados momongan.

Cêngkaruk gimbal. Punika sêkul aking kagorèng sangan, kagangsa gêndhis. Minangka lambang panjang umur. Awit dene sêkul garing ingkang taksih kapêndhêt pedahipun.

Kêmbang pari. Inggih punika kêtan mêntah kagorèng sangan, dipun karu parudan klapa, dipun sisiri gêndhis [gên...]

--- 22 ---

[...dhis] klapa. Pangajab lastariya gadhah turun. Kapirid wujudipun sêkaring pari, inggih turunipun tanêman.

Pênyon; glêpung dipun êdang, dipun juri toya mawi kunir. Ing têngah dipun sukani pisang, kawungkus lajêng dipun êdang. Manawi sampun matêng kaleletan angus, lajêng ka-iris-iris. Winastan pênyon, saking têmbung pênyu damêlan, kalêbêt kewan ingkang sae lan inggil aosipun lan sagêd gêsang ing toya punapadene ing dharatan. Punika kangge lambang mugi tansah cinakêtna kaliyan wêdaling pratala miwah sêsêgêring warih. Ringkêsipun; mulya lan kacêkap gêsangipun.

Sampora cacah kalih. Kadamêl saking glêpung uwos, dipun juri santên, kapêtha bathok mêngkurêb, nglêbêt dipun sukani gêndhis klapa, lajêng dipun dang. Dados pasêmon, sumbêr têdhaning jabangbayi samangsa dumugi wancining nêsêp. Sagêd subur nyantosakakên gêsangipun turun.

Pring sadhapur. Kadamêl saking glêpung uwos, kapêtha tumpêng alit-alit cacah sangang jodho. Dipun tunjêpi glindhingan glêpung uwos sajênthik-jênthik ulês maneka warni. Punika lambang pangrêgsaning bolong 9 darbèking bapa-biyung, ingkang kaajab minihakên turun sarta kasinungsankasinungan. pêpajar. Ulês maneka warni punika pasêmonipun pêpajar.

Tumpêng robyong. Kadamêl saking sêkul, katumpêng, kalêbêtakên cêthing, tinancêban ulam-ulaman kêbo-siji (daginging maesa sapêpakipun sakêdhik-sakêdhik).

--- 23 ---

Tumpêng ugi katancêban gêrèh, krupuk, jêjanganan mêntah, lombok, kacang lanjar, ijon-ijon, terong lan sêsêkaran. Punika gêgambaran gêgayuhan (tumpêng) ingkang sagêdipun kasêmbadan, mawi kasêngkuyung (rinobyong-robyong), dening sakathahing sêsaji lan kawontênanipun pirantos wilujêngan.

TATA CARANIPUN TINGKÊBAN

Sasampunipun dipun êdusi, lare ingkang wawrat lajêng dipun ubêti lètrèk kados katêrangakên ing ngajêng. Pangubêtipun kaping sêpisan lan ngonggrong ing padharan. Ing gongganging padharan wau, dening marasêpuh èstri, dipun lêbêti tropong (pirantos tênun), kadhawahakên, katampèn ibunipun piyambak. Punika pasêmon kêrukunanipun ibu-ibu ingkang bêbesanan. Sarta pangajab, lairing jabangbayi ing benjing sagêda gampil, poltra-plotro kados dhawahipun tropong, sarwi sami ngucap utawi mbatos; "lanang arêp, wedok arêp, waton slamêt". Kasusul handhawahakên cêngkir gadhing sinungging Kamajaya Ratih, kaliyan ngucap utawi mbatos "yèn lanang kaya Kamajaya, yèn wedok kaya Ratih".

Rampung mêkatên, lare ingkang dipun tingkêpi, lajêng dipun kêndhiti ron têbu-tulak (wulung lan pêthak) salêmbar, katigas mawi dhuwung, mawi kinolong ing sêkar ukiranipun dening semahipun. Sapêdhoting kêndhit, ingkang jalêr lajêng kesah tanpa pamit hanglepat. Kasarêngan [Kasa...]

--- 24 ---

[...rêngan] ibunipun lare jalêr mbanting tigan ayam mêntah, sarta pamêcahing cêngkir gadhing kasigar sapalih dening bapakipun lare jalêr. Sampun ngantos ngrisak sungginging Kamajaya Ratih. Pamlathoking cêngkir, kabiyantu bapakipun lare èstri. Punika pasêmon kêrukunanipun ingkang sami bêbesanan lan mêngku pangèsthi wilujêngipun jabangbayi manawi dhumawahing wanci lair.

Ingkang wawrat, kakanthi mlêbêt griya dening para pinisêpuh, ngadêg sangajênging pêtanèn. Ingriku sampun kasudhiyan sinjang sarta kêmbên nacah 7. Dipun ênggèkakên gêgêntosan. Panganggenipun kêndho mamrih gampil ucul kaplotrokakên. Salêbêtipun dandan wau, kapisan, santun kapindho, kaplotrokakên, santun malih kaping tiga sapiturutipun ngantos rambah kaping 6, tansah dipun êlokakên para pinisêpuh; "durung patut!" Sinjang-sinjang lan kêmbên-kêmbên namung dipun klumbrukakên kemawon Pungkasanipun dipun ênggèni sinjang truntum, kêmbên cakrik bangotulak utawi bathik cakrik gêdhong, ngliga botên mawi sêsupe, tanpa suwêng, tanpa gêlang. Sarêng mêkatên, inggih punika santun ingkang kaping 7, para pinisêpuh sami ngêlokakên: "Wis patut!" Santun kaping pitu wau, ugi dados pasêmon pangajabipun para pinisêpuh, mamrih lairing jabangbayi sagêda gampil plotra-plotro kadosdene nalikanipun sontan-santun wau.

Truntum, bango-tulak lan cakrik gendhong punika, wirasatipun sami, panyuwunan supados tansah pinaringan

--- 25 ---

èngêt, bilih kawontanipunkawontênanipun. ngagêsang punika hamung padhang lan pêthêng. Dados upamiya ngalami pêtêng, utawi padhang, susah utawi bungah, sadaya punika mapan sampun dados rangkèning ngagêsang. Têgêsipun titah manungsa namung sadarmi nglampahi kang sampun kinodrat, sasampunipun nêtêpi sadaya wiradatipun. (Truntum = latar cêmêng, mawi gambar lintang-lintang, pasêmoning pêpadhang lan pêpêtêng). Bango tulak = biru sêpuh lan pêthak, sami kaliyan cakrik gendhong. Maknanipun; ingkang nggendhong utawi ngandhut sarta ingkang dipun gendhong utawi dipun kandhut, sadaya punika kawêngku ing garising kodrat.