Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pangageman Kajawen Surokarto Tumrap Kakung, Yosodipuro, c. 1995, #87

Katalog:Pangageman Kajawen Surokarto Tumrap Kakung, Yosodipuro, c. 1995, #87
Sambung:-

Pangagêman Kajawèn Surakarta Tumrap KakungKeterangan ini ditulis oleh K.R.M.H. Yasadipura (seorang humas karaton Kasunanan Surakarta, dan juga sebagai dosen luar biasa di Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra UNS sejak masih di Mesen sampai dengan di Kentingan pada tahun 1997 - ketika meninggalnya.

--- 0 ---

Karipta dening Kangjêng Radèn Mas Arya Yasadipura

Agustus: 1985.

--- 1 ---

PANGAGÊMAN KAJAWÈN SURAKARTA TUMRAP KAKUNG

Mênggah ingkang badhe katêrangakên ing ngandhap punika, bab pangagêman kajawèn Surakarta tumrap kakung, sayêktosipun ingkang kalimrah sami dipun lampahi ing wêkdal punika. Sarta dhasaripun saking tatacaraning mangagêm ing karaton Surakarta. Dene katêrangan punika, awêwaton warah dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX rikala taksih asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Sadèrèngipun nêrangakên isining pênggalih dalêm ing bab caranipun sarta mathisipun mêngagêm kajawèn, prêlu langkung rumiyin dipun wuningani, bilih wêkdal punika, tumrap ing kalanganing karaton Surakarta, wontên têmbung Jawi jangkêp. Malah wêtahipun, Jawi jangkêp sowan padintênan, kacêkak: SP.

Ingkang dipun wastani Jawi jangkêp, punika:

1. Dhêsthar (ikêt blangkon). Blangkon punika, saking têmbung blangko. Têgêsipun sampun dados, kacithak kantun ngagêm.

2. Rasukan krowok. Têgêsipun krowok ing wingking minangka mapanipun wangkingan utawi dhuwung. Rasukan krowok punika wontên wêrni-wêrni: atelah, ingkang bênikipun ing têngah saking jangga mêngandhap. bêskap, bênikipun tangkêpan mangiwa. Takwa, kados bêskap nanging [na...]

--- 2 ---

[...nging] ngandhap panjang lancip. Punika mligi pangagêman ratu. Langênharjan, ing ngajêng jas bikak "kilenan", punika kados atelah nanging botên dipun bênikakên, ing nglêbêt mawi rumpi pêthak. Punika pêngagêmanipun santana dalêm riya nginggil, pangeran sêntana sarta putra dalêm ingkang sampun asma pangeran (pangeran putra).

3. Sabuk.

4. Èpèk dalah timang saha lèrèpipun.

5. Nyamping (sinjang).

6. Wangkingan (dhuwung utawi kêris).

7. Lambaran suku (sêlop utawi canela). Namung manawi mlêbêt karaton, wiwit ngancik kêmandhungan, botên kalilan dipun agêm/angge.

Manawi wontên sêrat dhawuh pasowanan, dipun sêbatakên "pêngagêman Jawi jangkêp padintênan", punika têgêsipun, rasukanipun botên pêthak botên cêmêng. Dados wêrni punapa kemawon kalilan (biru, jêne, ijêm, dhawuk lsslan sanès-sanèsipun (dan di tempat lain). ). Kajawi manawi dipun sêbatakên pêthak, inggih kêdah pêthak. Dipun sêbatakên cêmêng, inggih kêdah cêmêng. Dene undha-usukipun rasukan, manut pangkat kalênggahanipun piyambak-piyambak. Abdi dalêm jajar, lurah, mantri, panèwu, bupati anom, bupati, tuwin santana panji saha riya ngandhap, rasukanipun

--- 3 ---

atelah. Manawi santana dalêm riya nginggil, pangeran wayah sarta pangeran putra, agêmanipun sikêpan. Punika manawi nuju pasowanan agêng. Manawi sowan padintênan, kajawi warninipun botên pêthak botên cêmêng kados katêrangakên ing ngajêng punika wau, kalilan sami mêngangge utawi mêngagêm bêskap, sarta wangkingan warangka gayaman. Nanging pasowanan agêng kêdah warangka ladrang.

Tumrap dhêsthar (blangkon), abdi dalêm jajar sapanginggil dumugi bupati, blangkonipun kêdah mawi kuncung, mondholanipun cêkok.cêkok - bulatan blangkon bagian belakang. Nanging santana riya nginggil dumugi pangeran putra, dhêstharipun botên mawi kuncung sarta mondholanipun jêbehan.jêbehan - bagian belakang blangkon yang lancip kiri-kanan.

Sabuk, manawi cakrik utawi kadamêl saking cindhecindhe - salah satu jenis daripada sabuk. punika namung agêmaning ratu. Manawi sapunika, limrahipun mandhap dumugi pangeran putra, pangeran wayah sarta riya nginggil.

Èpèk, ingkang kalilan mawi untu walanguntu walang - salah satu moif daripada epek. kablodir namung para pangeran putra, pangeran santana (wayah) riya nginggil. Sanès-sanèsipun sadaya èpèkipun lus (tanpa rêrênggan).

Nyamping (sinjang), kajawi pangeran wayah sarta pangeran putra, botên kalilan mawi cakrik lèrèng.

Kasêbut nginggil punika wau, baku-bakunipun pangagêman Jawi jangkêp, adhêdhasar saking karaton saha tumrap karaton Surakarta. Pêprincèn salajêngipun.

--- 4 ---

Caranipun NYAMPINGAN.

Perangan ingkang sampun kawiru, kaasta ing asta têngên, dene ingkang wontên pêngasihipun,pêngasih - bagian tepi ujung kain yang biasannya putih. kaasta ing asta kiwa. Wironipun kapara kathah, malah kapara dipun wudhari sawatawis, suprih katingal wontên têkukan tilas wiron. Pêngasih, ugi kawiru alit, karumiyinakên kaubêtakên mapan ing sangandhapipun lêmpèng têngên, kapara nglojok wingking. Pamrihipun, manawi kagêm sila, utawi mlampah, botên sumilak. Manawi sampun mapan ing têngên wingking, sawêg ingkang wontên wironipun, kaubêtakên mangiwa, kaprênahakên ing têngah padharan. Ing ngandhap, kaangkah sampun ngantos ngadhal mèlèt, têgêsipun, nyamping ing nglêbêt, sampun ngantos katingal, kapara radi andhap ingkang ngajêng sakêdhik. Paningsêt punika, ubêtipun ugi mangiwa, ngêtutakên ubêting nyamping. Sarta kawiwitan saking ngandhap. Manawi dèrèng kulina, sadèrèngipun ngagêm paningsêt, sagêd dipun tangsuli rumiyin. Rèhne paningsêt punika, pamrihipun ugi kangge dhasar tumrap sabuk, supados sagêd waradin, mila ubêtipun sagêd mandhap minggah, kaangkah waradinipun. Langkung-langkung sawangan ing wingking. Manawi prêlu, dipun sêsêli tepong, ing wingking ingkang katingal lêgok. Tepong punika sagêd kadamêl saking kêthokan sabuk, taplak meja lss. kasêsêlakên dipun tindhihi ubêting sêtagèn. Têlas-têlasaning sêtagèn, sagêd ing saênggèn-ênggèn, sabab botên badhe katingal. Kaslêmpitakên utawi dipun pênitèni.

--- 5 ---

Katungka ubêting sabuk, kêdah saking nginggil, sarta ugi ngêtutakên ubêting sêtagèn, dados inggih mangiwa. Mandhapipun dipun sap dhapur ngiris bung, têgêsipun nyêlot mandhap, nyêlot agêng sap-sapanipun. Nanging upamia dipun angge waradin sami upaminipun 2 nyari inggih prayogi kemawon. Punika gumantung panjang cêlakipun bangkekanipun ingkang ngagêm. Ingkang prayogi punika, kaangkah kadhawahna watawis 2 nyari sangandhaping cêthik. Sarta sapipun cacah 5. Sabab manawi namung sap 4, katingal kirang mbangkèk, sawangsulipun manawi langkung saking 5, katingal brukut. Tuwin kekuk tumrap sumêngkêlitipun kêris. Têlas-têlasaning sabuk, kaangkah sampun ngantos dhawah wingking, katingal ing krowokaning rasukan, sabab nama botên rêsik. Ingkang prayogi sarta sêmbada, sabuk punika wiwit saking padharan radi iring kiwa, ngubêt mangiwa, têlasipun ing padharan iring têngên. Pamrihipun, manawi kaetang sapipun, ing wingking cacah 5, ing ngajêng cacah 4, nyuda katingalipun agênging padharan. Lajêng dipun tangsuli, utawi dipun pênitèni, utawi dipun tlêsêpakên.

Kasusul ngagêm èpèk. Timang kadhawahakên têngah lêrês, lèrèp ing kiwa, dados têgêsipun ubêtipun èpèk ugi mangiwa. Manawi gagrag karaton Surakarta, mapanipun èpèk, wontên ngandhap watawis kalih têngah utawi 2 nyari saking têpining èpèk ing ngandhap. Mila manawi sabuk mawi dipun tangsuli, inggih kapara ngandhap, lajêng dipun tutupi èpèk.

--- 6 ---

Wangsul bab nyamping ingkang cakrik lèrèng, tumrap karaton Surakarta agêmaning ratu, ingkang prêlu dipun gatosakên punika, dhorèngipun kêdah mandhap ing suku kiwa. Dhorèng ing wiron, ugi mandhap suku kira. Mila manawi sok têmpuk dhorèngipun wiron kalihan nyamping, punika têmtu kêlintu anggènipun miru.

Andhap inggilipun nyamping, punika sajatosipun ing kina, wontên undha usukipun. Abdi dalêm botên kalilan andhap ngantos klèmbrèh. Nanging sapunika, watonipun sampun ngantos katingal polokipun, nanging sampun ngantos kêtêbihan sangandhaping polok. Mila manawi wiwit nyampingan (tumrap njawi karaton ingkang adhakan mawi sêlop), sêlop dipun agêm rumiyin, supados dadosipun inggih sumbut kalihan manawi sampun ngagêm sêlop, botên badhe kandhapên utawi kinggilên.

Wiron, punika botên prêlu dipun japit, saugêr sampun pêjah, limrahipun botên badhe wudhar. Ewasamantên manawi rêmên mawi japitan, prayogi sampun ngantos katingal. Dados radi 2 utawi 3 wiron ing nglêbêt. Sarta botên prêlu kajapit ngantos têlas dumugi wingking sabab kirang bokêt manawi kangge mlampah utawi lênggah. Langkung-langkung lênggah sila, têmtu botên sagêd dhamis.

Lajêng ngagêm rasukan, kasusul ngagêm dhêsthar. Manawi sampun sawêg ngagêm wangkingan (dhuwung). Wangkingan punika sumêngkêlitipun wontên ing sabuk sap 3 saking ngandhap, sêmu sumendhe miring sikut têngên.

--- 7 ---

Dados botên kenging sumendhe mangiwa, sabab ukiranipun, lajêng tumungkul. Punika manawi kajawèn, dipun wastani botên tatakrama botên susila. Pasêmonipun "mrentah supados sintên ingkang wontên ngajêng, tumungkula!" Namanipun "ngewal", wontên ingkang mastani "nyothe". Tumrap kajawèn langkung-langkung karaton, punika dadaos awisan.

Pêndhok kêmalo, abrit, namung agêmaning para sêntana canggah dalêm sapanginggil. Manawi warèng, kêmalonipun ijêm. Tumrap abdi dalêm, ingkang kalilan mawi pêndhok kêmalo abrit, namung bupati. Bupati anèm, ijêm. Sanès-sanèsipun botên kalilan mawi kêmalo. Tumrap ing karaton, sêlut punika ugi botên kalilan.

Tumrap kajawèn, warni punika wontên watonipun mligi, ingkang beda kalihan wontên sanès kajawèn (Surakarta). Kapitadosan kajawèn (Surakarta) adhêdhasar pênggalihan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IX, jumbuhipun warni tumrap sabuk lan èpèk, punika wontên namanipun, dayanipun ingkang sagêd nggigah watak utawi ngèngêtakên jiwanipun ingkang mêngangge utawi mêngagêm. Ingkang lèrègipun nuntun dhatêng tatakrama lan kasusilan. Ing ngandhap punika, sawatawis jumbuhing warni ingkang awêwaton raos kajawèn (Surakarta). Mêkatên ugi ing wanci punapa trêpipun dipun agêm, sarta tumrap sapintên ênèm sêpuhipun ingkang ngagêm. Têgêsipun ngungak sêmbada lan botênipun utawi kadospundi kawontênanipun. Nanging ingkang baku, pêparinging pêpèngêt dalêm ingkang sinuhun, kados suraosing ukara:

--- 8 ---

Nyandhang mênganggo iku dadya sarana amêmangun manungsa jaba jêro. Marmane, pantêsên panganggonira, trêpna kalawan kaananing badanira. Wujud lan warnane jumbuhna kalawan rasa kajawènira.

Sabuk warni wungu, èpèk warni ijêm, nama wrêdha ginugah, watak saha wanci ngagêmipun: ayêm. wrêdha. siyang

Sabuk warni ijêm, èpèk warni abrit, nama mudha rumagang, watak saha wanci ngagêmipun: trêngginas. mudha. siyang dalu

Sabuk warni biru, èpèk warni abrit, nama satriya mangsah, watak saha wanci ngagêmipun: trampil mapan. mudha. wrêdha. sêpuh. siyang dalu

Sabuk warni jambu, èpèk warni cêmêng èpèk warni biru wungu, nama narendra tama, watak saha wanci ngagêmipun: sabar. mênêp. siyang. dalu

Sabuk warni jêne, èpèk warni biru cêmêng, nama candra sumunar, watak saha wanci ngagêmipun: sarèh. maton. siyang. dalu

Sabuk warni kapuranta, èpèk warni cêmêng biru wungu, nama surya sumirat, watak saha wanci ngagêmipun: tan swala. mudha. wrêdha. siyang. dalu

Makatên sawatawis bab pêngagêman kajawèn. Mugi antuka barkah dalêm ingkang sinuhun ingkang tansah nggalih dhatêng jêjêging kabudayan Jawi karaton Surakarta (kajawèn).

--- 9 ---

Ingkang pantês dipun wuningani:

- Manawi gadhah prêlu mantu, sabukipun sindur. Inggih punika abrit ing têngah kasèrèt pêthak, ombak banyu ing ngandhap lan nginggil. Punika kajawi dados pratandhanipun ingkang gadhah damêl saha besan, ugi pasêmon manunggalipun jalêr lan èstri utawi tiyang

- Manawi kasripahan, sabuk lan èpèkipun sami cêmêng, rasukan ugi cêmêng. Nyamping sarta udhêng, latar cêmêng. Warangka gayaman.

- Dhêsthar kêmbangan (warni wêdêlan, ijêm, abrit, biru, lss) punika agêman wanci dalu.

- Dhêsthar wulung punika namung kangge para wiku, guru, sêpuh, pandhita, dhukun lss. Wosipun upaminipun nyamping, rasukan ingkang sarwa wulung, punika prabotipun para "linangkung".

Ewasamantên ing wêkdal sapunika, botên sakêdhik ingkang mêngangge nulat waton-waton kasêbut ing ngajêng kala wau. Sanadyan sanès panganggenipun ingkang samêsthinipun pêpangkatan utawi kêlungguhanipun. Punika, amargi namung kalêbêt adat, ingkang sapunika tumrap sanjawining karaton botên wontên kukumipun. Dipun wastanana guru gadhungan, pangeran gadhungan, lan sasaminipun, inggih purun kemawon! sawangsulipun nelakakên gagrag ingkang sae, sabab dipun tiru. Atêgês inggih pasêgsèn gêsangipun budaya pangagêman Jawi karaton.

--- 10 ---

Bilih cara sarta pamilihipun pênganggèn utawi pêngagêman punika wontên sêsambêtan kalihan tatakrama lan kasusilan, ambokmanawi para sampat ing budaya Jawi sampun botên badhe kêkilapan. Amargi, kados pênggalih dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX katêrangakên ing ngajêng wau, "nyandhang nganggo dadya sarana amêmangun watak jaba jêro", punika mapan rapêt sangêt sêsambêtanipun kalihan tatakrama. Pramila badhe wontên pedahipun, manawi ing riki katêrangakên kadospundi caranipun mastani jumbuhing ngêtrapakên pangagêman kalihan tatakrami wau. Amung ingkang sadèrèngipun prêlu dipun wuningani punika, bilih sajatosipun tatakrama punika sumèlèhipun wontên ing "pangucap utawi pangandikan". Dene kasusilan wontên ing "solah-tingkah utawi patrap". Manawi kalih-kalihipun sampun sagêd kasarira, sayêkti badhe kêtawis mênggah ingkang dipun wastani priyantun ingkang jangkêp tatakrama lan kasusilanipun. Sabab titikanipun wontên ing polatan, wicara, solah bawa, saradan lan patrap.

Dene pêprincènipun:

Polatan, sumèh, tajêm, bêbasan "èsême wor ing tanduk".

Wicara, alus tumrap sêru lirihing suwantên, pamolahing lathi, pamilihing têmbung.

Solah bawa, pandulu, mlampah lan linggih.

Saradan, botên adigang-gung-guna, botên ngongasakên kêbrangasan.

Patrap, alus, ngaosi dhatêng sêsami, nêngênakên dugi prayogi, ngêtrêpakên êmpan lan papan, damêl eca manahipun

--- 11 ---

sasami, sagêd nandukakên têpa salira.

Ing salajêngipun nyundhukakên pangagêman kalihan tatakrama utawi kasusilan, punika sarat utawi caranipun sagêd karingkês mêkatên:

1. PATRAP (ngêtingalakên alusing norraga).

2. POLATAN (ngêtingalakên "èsême wor ing tanduk").

3. BUSANA (lêrês kêlintunipun pamilih lan ngêtrêpakên pangagêman).

4. WICARA (ngêtingalakên unggah-ungguhing basa sarta pamilihing têmbung/ukara ingkang sumbut kalihan jiwa Jawi).

--- 12 ---

Pêngagêman Sêsambêtanipun kalihan Kapitadosan

Ing kalanganing karaton Surakarta, ing sapunika taksih sêntosa ing kapitadosanipun tumrap yasan-yasaning para lêluhur, luhur sarta para linangkung ing kina. Inggih punika, kapitadosan, bilih yasan-yasan wau, wontên daya prêbawanipun. Botên beda kalihan yasan karaton, bêksan, gêndhing, gamêlan, pusaka lan sasaminipun. Dene wontênipun yasan-yasan wau ngantos kadunungan daya prabawa, amargi: sêpisan, awit saking dhawuhing ratu, ingkang kalihipun, awit saking daya kasêktènipun êmpu, punapa pujangga, utawi nujum, ingkang ugi kalêbêt titah manungsa linangkung. Kaping tiga, bêbakalaning yasan, upamia dhuwung, inggih tosan ajinipun. Upamia gamelan, inggih gangsanipun. Upamia sakaguru, inggih kajêngipun. Kajawi punika, taksih katambahan, kapitadosan, bab cara damêlipun. Inggih punika, kajawi tata lair, kasarêngan kêbatosan. Liripun, sêmèdi, kasutapan, ngwêningakên pênggalih, ngêplasakên cipta, ingkang sadaya wau, mawa pikajêng nyêlak dhatêng Pangeran Ingkang Maha Agung, nyênyadhang tumêdhaking "dhawuh" utawi "sasmita". Manawi cara lair lan batin kalawau sêsarêngan dipun lampahi salêbêtipun damêl utawi kadhawuhan yasa dening ratu, uwohipun ingkang salajêngipun winastan budaya, badhe wontên daya prabawanipun. Sêmantên ugi manawi yasa pangagêman utawi pênganggèn. Mila pangagêman dalam cakrik utawi gagragipun, inggih kirang prayogi manawi dipun ewahi kalayan tanpa waton.

--- 13 ---

Kados ta: cênela. Cênela punika kalimrah dipun wastani sêlop. Ing kinanipun, cênela punika agêmaning ratu, gusti pangeran, bandara pangeran, kangjêng riya. Nanging sapunika, tumrap ing karaton Surakarta, ngantos dumugi abdi dalêm bupati sarta bupati anom, kalilan mawi cênela, ingkang lajêng katêlah nama sêlop kala wau. Têmbung selop punika asal saking têmbung Wêlandi: slof, ingkang wujudipun sairip kalihan cênela. Nanging, sintên kemawon, sanadyan gusti pangeran putra dalêm, manawi mlêbêt karaton, botên kalilan mêngagêm cênela. Kajawi manawi wontên sanjawining karaton, sumangga. Sanadyan namung bab pêngagêman cênela, nanging prênatan kalilan utawi botên kalilan mêngagêm cênela punika dhawuhing ratu, racak botên wontên ingkang wani nêrak. Dados, punika inggih nama peranganing pêngagêman, awêwaton prênatan karaton, ingkang rikala damêlipun prênatan, awit saking dhawuhing ratu. Wimbuh prênatan ingkang kaêtrapakên wontên ing karaton. Têgêsipun, salah satunggalipun peranganing utawi sêmpalaning budaya Jawi karaton. Ingkang andrawasi manawi botên kaèstokakên kalayan pamrêwasa sarta tilar pangolahing budi. Cênela agêmaning ratu punika, padatan wontên ingkang kadamêl saking baludru, rinêngga mootee, têrkadhang mawi sêsotya barleyan, jêmêrut lan sasaminipun. Dene agêmaning Sêntana namung kadamêl saking wacucal, wêrninipun cêmêng. Mangagêmipun utawi

--- 14 ---

manganggenipun, kados katêrangakên ing ngajêng, kapara "nggandhul" tungkakipun. Punika ugi wontên sêsambêtanipun kalihan kapitadosan, bilih dêlamakan, punika kapara asring gathuk kalihan siti. Wadosipun adhêdhasar kapitadosan wau, kathah wilujêngipun, tinimbang ingkang babarpisan botên nate gathuk kalihan siti. Kaparênga sami èngêt, wontênipun tatacara "têdhak sitèn", ingkang ugi awit saking kaparêng dalêm para ratu. Têrangipun: titah manungsa punika bakunipun dumados saking 4 bab. Inggih punika gêni, angin, banyu, bumi. Pêthikan saking atur unjukipun pujôngga dalêm Radèn Ngabei Yasadipura I ing Ngarsa Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II, bab warahing lêluhur dalêm Kangjêng Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga. Mila lare, manawi sampun umur 7 lapan, nindakakên tatacara "têdhak siti". Sabab, pirantos warni 4, ingkang 3 sampun kabadan. Inggih punika gêni, pasêmonipun kanêpson, utawi dêrêng. Ing sêratan, linukis gambar "modang", utawi uruping latu. Angin, ugi sampun kabadan, inggih punika napas ingkang wiwit wontên kandhutan sampun kadarbe. Banyu, inggih têdhanipun lare, inggih rah, ingkang ugi sampun kabadan wiwit ing kandhutan. Mila sarêng jabangbayi lair, umur 7 lapan, kajangkêpan pirantos ingkang dèrèng nate gathuk. Dados tatacara têdhak sitèn punika, maknanipun "têpang kalihan ibu prêtiwi". Lajêng nama jangkêp bakuning dumados saking 4 pirantos.

--- 15 ---

Dados, bab cara mangagêm utawi manganggenipun cênela wau, rèhdene punika inggih awit saking dhawuh dalêm para Narendra, ingkang tamtu kemawon adhêdhasar pangolahing budi, lajêng botên wontên ingkang wani nyulayani.

Nyamping utawi sinjang, punika ingkang baku botên kaparêngakên kaangge ing sadhêngaha, kajawi para ratu, mandhapipun sêntana dalêm, ingkang cakrik lèrèng parangklithik. Punika tumrap adat ing karaton Surakarta. Wondene manawi wontên sajawining karaton, borong. Ugi adhêdhasar adat ing karaton wau, sambêtipun agêmaning ratu, utawi sampun kakêrsakakên ratu, ingkang tamtu kemawon kaparêng ngêrsakakên milih lan ngagêm cakrik kasêbut, awêwaton pangolahing budi, mila botên wontên kawula ingkang kumawani angêmbari ngangge.

Wontên malih yasaning para linangkung, ingkang racak malah dipun angge sintên kemawon, manawi wontên kaprêluan. Inggih awit saking yasaning para linangkung punika wau, mila kathah ingkang sami nyuwun ngalap barkah. Mêkatên punika inggih jalaran sêntosaning kapitadosan. Kados ta nyamping utawi sinjang cakrik sidaluhur, kasuwun barkahipun ingkang yasa, inggih punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV. Ing pangajap, mugi angsala cuwilaning kaluhuran dalêm ingkang sinuhun. Sidamukti, punika langkung sêpuh,

--- 16 ---

inggih punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II sarêng sampun jumênêng ing nagari Surakarta. Punika kasuwun lumunturing barkah dalêm, pinaringana mukti lêlampahanipun.

Wontên malih ingkang cakrik purbangkara. Kaprah radi kêlintu ing pangucap dados prabangkara. Sêjatosipun kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, paring nama purbangkara punika, sagêda titah manungsa amurba angkaranipun. Têgêsipun botên ngubal-ubal kamurkan. Dados inggih paring pêpèngêt sarta tuntunan dhatêng lurusing watak.

Ingkang saya langkung sêpuh malih, cakrik ingkang mawi pêgsi. Limrahipun pêgsi garudha utawi oceh-ocehan. Punika yasan Sunan Kalijaga. Wontênipun mêkatên, kaparêngipun Sunan Kalijaga, ugi paring pêpèngêt supados para kawula manawi angucap, tansah dipun atos-atos, botên waton ngucap ingkang sagêd damêl sêriking sanès. Langkung lêbêt malih, inggih punika, sampun ngantos angucap manawi botên prêlu. Dados inggih tunggil pikajêng kalihan amurba kamurkan.

Katêrangakên bab nyamping utawi sinjang kalayan sawatawis cakrik punika, amung minangka kangge pasêgsèn, bilih punapa ingkang dados kaparêngipun para ratu, wali, linangkung, punika pancèn kaalap barkahipun. Sabab yasan-yasan wau, ugi adhêdhasar pangolahing budi, ingkang manut kapitadosan, badhe sagêd pinarêngakên kasêmbadan [kasêm...]

--- 17 ---

[...badan] pangajapipun, awit saking daya prabawanipun ingkang yasa.

Tumrap sabuk runtuting warninipun kalihan èpèk, sampun nate katêrangakên. Inggih punika awit saking pênggalih dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX. Dados inggih sami nyuwun barkah dalêm ingkang sinuhun, manawi mêngangge upaminipun biru kalihan abrit ingkang kaparingan nama satriya mangsah, saèstu sagêda andarbe watak trampil, mapan. Sawangsulipun Jêne kalihan cêmêng utawi biru, ingkang nama candra sumunar, sagêda gadhah watak sarèh, nanging maton. Inggih amargi santosaning kapitadosan, bilih pênggalih dalêm ingkang sinuhun wau dhasaripun uwoh pangolahing budi, dados têmtu wontên daya prêbawanipun, têmah tumètès dhumatêng ingkang nyuwun barkah dalêm.

Wangkingan utawi dhuwung. Sampun sami dipun wuningani, bilih ingkang dipun wastani dhuwung, punika: ukiran, mêndhak, warangka, pêndhok, wilahan. Ing antawisipun 5 perangan wau, ingkang langkung wigatos, bab wilahanipun. Sadaya inggih botên sagêd dipun angge rèmèh, nanging gawatipun botên kados kawontênaning wilahan. Kajawi punika, tumrap warangka, sampun nate katêrangakên, pilah-pilahipun wêkdal panganggenipun. Inggih punika manawi ladrang, nama rêsmi, dene gayaman, punika kalêbêt padintênan. Utawi prabotipun prajurit sarta kangge kaprêluan layadan.

Ukiran, inggih cêpênganipun wilahan, manawi ing Surakarta kalimrah kadamêl saking kajêng trênggana, kêmuning, [kêmu...]

--- 18 ---

[...ning,] sawo kêcik lan sasaminipun. Ukiran punika pêthanipun gananing tiyang, kewan utawi sêkar. Ing Surakarta, wontên ingkang winastan dhapur Pakubuwanan, Wiryodiningratan, Mangkurat lan sanès-sanèsipun. Nama-nama wau, têmtunipun kapêndhêtakên asmanipun ingkang yasa, utawi apêsipun ingkang dhawuh yasa. Punika ugi kathah ingkang mêngagêm utawi mêngangge, kanthi pamrih nyuwun barkah. Kapitadosanipun ugi sami, sabab punika ugi kalêbêt uwoh pangolahing budi, dados wontên daya ingkang sagêd dipun alap barkahipun.

Tumrap pangagêm utawi panganggenipun dhuwung, ugi sampun nate katêrangakên. Inggih punika, ingkang prayogi sampun ngantos dipun kewal. Ukiran kêdah botên tumungkul, supados botên ngêmbari narendra. Sami kalihan nyamping cakrik parang klithik. Pakèwêd utawi ajrih, amargi apêsipun dipun lokakên botên tatakrama botên susila. Mila dhoyongipun sumendhe ing sikut têngên.

Mêndhak ingkang minangka umpak adêging ukiran, manjing ing wilahan. Dhapuring mêndhak, wontên ingkang winastan angkup randhu, parijatha, bèjèn utawi widhêngan. Sêjatosipun mêndhak punika ugi minangka botên nggampilakên pêcahing bungkul, mila adhakan mawi dipun sukani karah kadamêl saking tosan. Dangu-dangu, karah inggih kawangun ngiras dados pasrèning dhuwung. Lajêng dados nama sêlut. Têrkadhang dipun sukani rêrênggan mripat, barleyan, punapa intên. Sêlut yasan para êmpu ing Surakarta awit saking dhawuhing para nata, tatahanipun mru ...

...Hal. 19 dan 20 tidak ada.

--- 21 ---

Wilahan, punika ingkang rapêt sangêt sêsambêtanipun kalihan bab kapitadosan. Amargi inggih saking wilahan punika, ingkang dhuwung lajêng sagêd dipun wastani pusaka. Sampun katêrangakên, bilih anggènipun satunggaling pusaka, ingriki ngrêmbag bab dhuwung minangka salah satunggalipun praboting pangagêman utawi panganggèn Jawi jangkêp, dipun anggêp wontên daya prêbawanipun, amargi dening kêkiyatanipun tosan aji, kêkiyatan batosipun êmpu ingkang damêl utawi kadhawuhan damêl, katambahan saking sabdanipun ratu ingkang dhawuh. Kêkiyatan warni 3 wau, manunggal, anjalari dadosipun uwoh ingkang awujud wilahaning dhuwung lajêng wontên barkah lan sagêd amêncarakên sawab. Têmtunipun tumrap ing pitados. Mila sagêd dipun wastani, bilih bêbakalaning pusaka punika: tosan aji ingkang pilihan, êmpu ingkang gêntur kasutapanipun, sabdaning ratu ingkang gung aprabawa.

Nitik sêjarahing wilahan-wilahan dhuwung ingkang ing kinanipun racak kadamêl awit saking dhawuhing para panjênêngan dalêm nata, mila têgêsipun, dhuwung praboting pêngagêman kajawèn, inggih lajêng nama sêmpalaning budaya Jawi karaton. Malah rèhdene para panjênêngan dalêm nata kina punika angabdèkakên êmpu, pujangga, nujum, pêngulu, punika sajatosipun dados pasêgsèn, bilih ratu kalihan kawula alit punika sampun "manunggal". Sabab para ingkang kaabdèkakên punika, limrahipun kawula alit. Mila Ki Ngabèi Yasadipura Tus Pajang, ugi nate munjuk sang prabu, bilih santosaning praja punika, sampun linukis ing wêwujudan pusaka. Sabab dumadosipun pusaka dhuwung wau, awit saking manunggaling [manung...]

--- 22 ---

[...galing] ratu, kawula sarta ingidènan ing bumi pratiwi. Liripun, tosan aji punika tuwuhipun saking siti. Pasêgsèn malih: Êmpu Gandring, suwita karaton ing alam jumênêngipun Sang Prabu Mahadewa Buda. Êmpu Ramayadi, ing jaman Purwacarita. Êmpu Kêlêng ingkang yasa Kyai Kopèk awit saking dhawuhing nata ing jaman Pajajaran. Ing jaman Majapait, para ratu angabdekakên Êmpu Jigjo, Êmpu Supa Mandrangi. Ing jaman Dêmak, Êmpu Sidayu, Êmpu Supa. Jaman Pajang sampun katêrangakên ing ngajêng: Êmpu Ki Umyang. Jaman Mataram, Êmpu Kyai Têpas, Kyai Tundhung, Êmpu Ki Anom suwita Sinuhun Sultan Agung, sarênganipun Êmpu Ki Guling, ingkang kadhawuhan damêl Kyai Singakrêsna. Jaman Kartasura, Êmpu Kyai Lujuguna, minangka sisihanipun Êmpu Ki Brajaguna. Dumugi Surakarta, Ki Anom, Ki Jaka Sukatga, Êmpu Singawijaya lan taksih wontên tunggilipun. Ingkang sadayanipun para êmpu wau, sami kasuwitakakên ing karaton. Dados têtela, pêngagêman sarana prabot jangkêp dhuwung, punika inggih awit saking kaparêngipun pada Panjêngêngan dalêm nata. Mila ingkang taksih sêntosa kapitadosanipun dhatêng budaya kêjawèn, racak dèrèng wani nêrak punapa ingkang dados yasaning para ratu. Langkung-langkung ing bab dhuwung kados katêrangakên punika wau.

Prabot sanèsipun, rasukan. Wontênipun tataran rasukan ingkang pilah-pilah pangêtrapipun, punika ugi awit saking dhawuhing ratu, têgêsipun sumbêr dhasar karaton.

--- 23 ---

Meester Kangjêng Gusti Pangeran Arya Jayakusuma, sampun suwargi, salah satunggalipun putra dalêm Ingkang Wicaksana kaping X, ngêndikakakên, bilih wêrni-wêrninipun rasukan ing karaton Surakarta, punika dados pasêgsèn gêsanging budaya kêjawèn karaton. Ngêndikanipun mêkatên: rikala Kangjêng Pangeran Mangkubumi, sadhèrèk dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II ing Surakarta, sampun jumênêng angrênggani karaton ing Ngayogyakarta Adiningrat, ngêrsakakên nglastarèkakên pêngagêman gagrag lêluhur Majapait. Têmtunipun ewah-ewahaning jaman, inggih ewah sawatawis. Nanging cakrik lêstari, inggih punika kados pêngagêman surjan Ngayogyakarta wêkdal sapunika. Kala samantên ingkang lênggah dhamparing dhatulaya ing Surakarta, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III, angrilakakên. Dados botên beda, kaparêng dalêm ngrilakakên peranganing gamêlan sêkatèn yasan Sultan Agungan ing Surakarta, kaboyong dhatêng karaton Ngayogyakarta. Tumrap ing Surakarta, Ingkang Sinuhun kaping III, kaparêng yasa pêngagêman gagrag anyar. Mila ing Surakarta dumugi sapriki prêsasat botên wontên titikan pêngagêman kadosdene surjan ing Ngayogyakarta. Ing wêkdal sapunika, ingkang jumênêng ing karaton Surakarta Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana XII, pinanggih rasukan taqwa. Punika mligi agêm dalêm ingkang sinuhun manawi nuju lênggah siniwaka. Dene rasukan agêm dalêm taqwa punika, sajatosipun kina, inggih punika yasan

--- 24 ---

Sunan Kalijaga. Kaparêngipun yasa rasukan mêkatên punika, minangka paring pêpèngêt, sadaya ingkang sampun ngrasuk agami Islam, supados tansah èngêt, mituhu, ngèstokakên, sarta nindakakên punapa ingkang dados warahing agami, minangka tuntunaning Gusti Allah. Salajêngipun para panjênêngan dalêm nata ing Surakarta, nglêluri yasan rasukan wau minangka pratela sumbutipun kalihan sêsêbutaning narendra "Abdulrakhman Sayidin Panatagama". Rèhdene punika kaagêm para ratu, mila kawula alit minggahipun para abdi dalêm lan sêntana ugi botên wontên ingingkang. wani angêmbari. Sêpisan, punika agêmaning ratu gustinipun, kaping kalih, amargi rikala Sunan Kalijaga yasa cakrik punika, inggih linambaran olah budi. Dene rasukan takwa wau, pêthanipun kadosdene Surjan, nanging ing ngandhaplancip namung ingkang njawi. Dados ingkang nangkêp mangiwa. Ingkang kadamêl badhenipun saking bêludru, wêrni abrit sêpuh utawi ijêm sêpuh, têrkadhang biru sêpuh sarta cêmêng, wingking kakrowok.

Atelah, ingkang bênikipun ing têngah wiwit jangga mêngandhap, punika memba kulambi kilenan, ingkang winastan jas tutup. Punika pênganggènipun abdi dalêm wiwit bupati sapangandhap. Dene bêskap, ingkang bênikipun tangkêpan mangiwa tumrap Surakarta, punika memba kulambi gagrag kilenan. Punika pêngagêmaning para sêntana dalêm riya nginggil, dumugi pangeran putra. Namung kajawi putra dalêm, botên kalilan mawi badhe baludru. Nanging sapunika wayah dalêm, kaparêngakên.

--- 25 ---

Sadaya rasukan utawi Kulambi wau, ing wingking kakrowok. Pamrihipun manawi kangge anyêngkêlit dhuwung, botên nylêkênthung, nanging sagêd rêsik.

Tumrap dhêsthar utawi blangkon, sampun nate katêrangakên. Ingkang prêlu dipun wuningani punika, rèh dene dhêsthar utawi blangkon, cakrikipun sêratan kadosdene nyamping utawi sinjang, mila sambêtipun kalihan kapitadosan inggih sami kados kapratelakakên ing bab nyamping. Upaminipun, ingkang cakrik parang-rusak-klithik, ugi botên wontên ingkang wani ngêmbari para panjênêngan dalêm nata.

Perangan-peranganing pêngagêman jangkêp wiwit ngandhap dumugi nginggil, punika dumugi sapriki taksih lêstari lampah ing karaton Surakarta. Sanadyan botên kalêbêt awisan ingkang sarana kasêrat, nanging rèhne sampun dados "adat" sarta wontên sambêtipun kalihan kapitadosan, sami rumaos botên kawênangakên niru. Kajawi saking ajrih kadhawahan halat, ugi atasipun ingkang taksih suwita utawi lairbatos pangêdhèpipun dhatêng sumbêring budaya Jawi karaton, ing pangangkah amung sak anyênyadhang barkah. Inggih punika sarana tansah ngèstokakên dhawuh sinartan nyingkiri pêpacuh. Kajawi punika, racak sami kêncêng ing kapitadosanipun, bilih ingkang kêlêbêt uwohing budaya Jawi karaton, kadosdene pêngagêman wau, saèstunipun isi pangajab, supados angèstokna suraosipun pangandikaning lêluhur dalêm: Apa kang sira anggêp pusaka iku, manawa sira pundhi-pundhi, sayêkti ambarkahi. Lamun sira padha daksiya, têmah tuwuh halate!.

--- 26 ---

Manut kêtêrangan ingkang katampi saking Mr. K.G.P.H. Jayakusuma suwargi, lêluhur dalêm ingkang ngêndika mêkatên punika, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III. Salajêngipun pujangga dalêm Ki Ngabèi Yasadipura angrakit sêkar:

Ugêmana pêpelinge gusti / yèn budaya iku nora beda / lan pusaka kadhatone / manawa dipun rêngkuh / dipun pêpundhi ambarkahi / lamun siniya-siya / tuwuh halatipun / marma pra sêtyèng budaya / pêpêtrinên uwohing pangolah budi / ing salami-laminya //

Pada ing pupuh Sêkar Dhandhanggula punika, pinanggih kapèngêtan ing Sasanawilapa karaton Surakarta. Sadaya wontên 6 pada. Dene ingkang kacuplik punika wau pada angka 4, ingkang wontên gayutanipun kalihan pangandikanipun lêluhur dalêm.

Wontên malih pada saking Sêkar Asmaradana, ugi sanggitanipun Kyai Yasadipura I. inggih punika ingkang gêgayutan kalihan sadaya kaparênging panjênêngan dalêm nata ingkang kaanggêp pusaka. Sêpintên gawatipun pusaka, ingkang ngantos dados kapitadosan saha anjalari kawula alit botên wani nêrak, kasêbut wontên ing pada ingkang namung 2 cacahipun:

--- 27 ---

Pêpindhane wêsi aji / pusaka kang sira tampa / ya kang wus ginanjarake / sêbutan pangkat lan nama / tumêka jênêngsira / pindha jangkung dhapuripun / arang wong kuwat kanggonan //

Dayane anggêgirisi / kadya kang sarwa sumunar / kajèn kèlingankèringan. uripe / ananging yèn ora kuwat / lumrahe kasangsaya / angomyang mati saumur / saka gawating pusaka //

Dados, sadaya ingkang kawastanan pusaka punika sagêd kasuwun sawab utawi barkahipun, nanging ugi sagêd nuwuhakên halat. Mêkatên ugi kawontênanipun yasan-yasaning para panjênêngan dalêm nata, para êmpu, para linangkung. Mila pêngagêman utawi panganggèn, ingkang sampun têtela yasaning para luhur linangkung, mèmpêr kemawon manawi kathah ingkang sami botên wani amrêwasa ngewahi. Kajawi ta manawi pancèn botên gadhah kapitadosan dhatêng budaya minangka uwoh pangolahing budi katêrangakên ing ngajêng kala wau. Pratandhanipun, kados kasuraos ing sambêtipun pada ing Sêkar Dhandhanggula, yasan Yasadipuran I. Manawi ing pada angka 4 ngêwrat bab wontênipun barkah lan halat, pada angka 5 nyêbatakên bab tuna-bathinipun manawi bangsa ingkang andarbe budaya, kirang anggatosakên dhatêng darbèkipun pribadi:

--- 28 ---

Asor-sore ngaurip puniki / nora liya anyingkuring rasa / rasa rumangsane dhewe / anggêpe asalipun / dudu bangsane têrah Jawi / kasusu ingaranan / wasis pintêr maju / uwohe ngrusak budaya / swuh budine kang luhur miwah utami / têmah dadi urakan //

Candhakipun, pada angka 6 nyêbatakên, punapa ta sababipun, dene wontên ukara Jawa ora nJawani, yèn ora kêbênêran ilang Jawane. Suraosipun:

Ngono mau yèn sira oncèki / yêkti iku ingkang dadya marga / bubrah budayane dhewe / ndhustha sing liyanipun / cawuh lan budaya pribadi / angrusak kene kana / tundhane tan payu / mêmêlas awak priyangga / tan pikolèh malah sirna kang pinundhi / bathi ilang Jawanya //

Dados sampun botên kirang gamblang, bilih kirang waspadanipun dhatêng pêngaruh njawi, gampil kemawon budaya darbèkipun dados risak. Danguning-dangu sagêd ical babarpisan. Inggih awit saking kasêsa dipun wastani wasis pintêr maju.

Awit saking punika, kalêbêt tatacaraning mêngagêm ingkang sampun kakarsakakên para linangkung langkung2 para panjênêngan dalêm nata ing nguni, jalaran dhasaripun pangolahing budi, mila tumrap ing taksih kêrsa utawi purun dhatêng budaya pribadi sarta sêntosa kapitadosanipun, [kapi...]

--- 29 ---

[...tadosanipun,] têmtu botên badhe gampil kenging pêngaruh saking njawi. Punapa malih manawi angèngêti ukara "Yèn dipêpundhi ambarkahi lamun siniya-siya yêkti tuwuh halatipun". Sabab barkah punika botên beda kalihan Halat. Têgêsipun inggih pêparinging Pangeran Ingkang Maha Agung, dhumatêng titah manungsa, awit saking trekah pokal utawi polahipun piyambak. Dene ingkang winastan barkah punika, lêlampahan ingkang sagêd nyakecakakên badan utawi manah sarta sagêd dumunung ing lêlampahan. Sawangsulipun Halat, punika sadaya kawontênan ingkang nêmahi botên nyakecakakên manah, badan sarta sagêd lêlampahan.

Mila, manawi pêngagêman sampun dados adat, sanajan dipun wastanana botên wontên ukumipun, nanging inggih halat, utawi barkah wau, ingkang dados ukum utawi ganjaranipun.

Dados, sarining andharan bab pêngagêman utawi pênganggèn punika, rèhdene punika sampun dados kaparêng dalêm para panjênêngan dalêm nata ing nguni, miwah jinurung para lêluhur luhur linangkung awêwaton pangolahing budi, mila: sagêd kasuwun barkahipun, sarana botên ngêmbari. Nanging, nyuwun barkah punika, inggih sagêd, sarana niru. Amung kemawon, sampun wontên pêpèngêt tumraping ingkang niru, kados ta ukara: "Arang wong kuwat kanggonan!" "Yèn ora kuwat, kasangsaya, angomyang mati saumur!"

--- 30 ---

BAB UDHÊNG INGKANG TAKSIH KALIMRAH KANGGE

Udhêng ingkang wêkdal punika racakipun sampun dipun damêl dados, winastan blangkon, punika dumadosipun saking sinjang pêsagi. Dene panjangipun miturut wiyaring mori. Rèhning pêsagi, mila limrahipun dipun wastani sakacu.

Warninipun udhêng punika wontên kalih. Inggih punika: 1. Bathik, 2. Sêkaran.

Udhêng bathik, wontên warni 4:

1. Udhêng byur, punika sêratan limrah, pinggir mawi kêmadha. Ing têngah, bathikanipun warni-warni. Upaminipun sêmèn, lunglungan, cêplok, lèrèng lan sasaminipun.

2. Udhêng têngahan, punika ingkang kathah mawi sêmu kirang. Nanging ugi wontên ingkang namung bengkok utawi garis kêncêng. Têngahipun kadamêl pêthak utawi kapulas (sêkaran) sasênêngipun. Pinggir mawi kêmadha utawi kêmadha sungging, wiyaripun watawis sasènti. Antawisipun kêmadha kalihan têngahan, kabathik warni-warni. Upaminipun: sêmèn latar pêthak, latar cêmêng, cêplok lan sasaminipun.

3. Udhêng modang, punika pinggir mawi kêmadha. Sawingkingipun mawi umpak, wiyaripun watawis

--- 31 ---

5 sènti. Sawingkingipun lajêng modangan. Umpak wau, bathikipun warni-warni. Kados ta: modang, pangkur, cêplok, lèrèng lung-lungan sasaminipun. Plataranipun ing têngah wontên warni kalih: pêthak byur, utawi asring kapulas. Nanging ingkang kapulas punika, inggih sampun awis-awis.

4. Udhêng cèlèng, punika pinggir mawi kêmadha. Sawingkingipun mawi umpak. Bathikanipun ingkang têmtu bangsanipun lung-lungan, cêplok, lèrèng lan sasaminipun. Ing têngah, cêmêng byur. Sawingkingipun umpak, kalêrês pojokan, ugi wontên ingkang mawi cêplok lar, utawi cêplok lung-lungan.

Udhêng sêkaran (kêmbangan), punika warni-warni, kados ta:

1. Irawan, punika ing pinggir mawi bathik kêmadha mawi umpak. Ing têngah kabathik sêmu-kirang, kasêkar. Upaminipun: gadhung, wungu lan sasaminipun.

2. Sêkaran, punika namanipun warni-warni miturut ulêsing pulas, kados ta: gadhung têngah pêthak, nama gadhungmlathi. Biru têngah pêthak, nama banguntulak, lan sapiturutipun.

3. Rintik, punika ulês sarta namanipun sami kalihan sêkaran. Bedanipun, saking pinggir watawis 2 sènti. Wangunipun warni-warni, kados ta: rêgulon, tapakdara, cêngkehan, kêmbang jêruk.

4. Jumputan, punika kados udhêng rintik, namung antawisipun pinggir kalihan têngahan, dipun jumput, wangun cêplikan.

5. Wulung, punika wêdêlan byur.

WARNI-WARNINING UDHÊNG-UDHÊNGAN

Udhêng-udhêngan ingkang sapunika racak kathah ingkang sampun dados blangkon, punika kalimrah gagrag meretan. Inggih punika ingkang limrahipun wontên warni 5. Dene bedanipun namung wontên lagoning wiron tuwin sunglonipun. Pêprincènipun mêkatên:

1. Prabawan. Sunglonipun lincip wontên têngah satunggal. Dene wiron, namung kadamêl sasênêngipun piyambak.

2. Tumpangsari. Pungkasaning wiron nginggil kiwa, tumumpang pungkasaning wiron nginggil têngên. Tumumpangipun sawiyaring wiron ingkang katumpangan.

3. Adu mancung. Pungkasaning wiron nginggil kiwa kalihan têngên, gathuk.

--- 32 ---

4. Pletrekan. Wironipun dumugi tutup ngiringan, botên mlêbêt ing sunglon

5. Cathêman. Gathuking wiron nginggil, ragi mangandhap, cêlak kalihan alis.

[Grafik]

(K.R.M.H. Yasadipura).