Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 102-199)

Katalog:Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176
Sambung:
1.Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 001-102). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #264.
2.Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 102-199). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #922.
3.Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 199-300). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #265.
4.Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 300-391). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #923.

Tangkilan, a: Nimpuna.

Jayanimpuna, b: Kula.

a: Dhuwitmu sing kocêkêl kari pira.

b: Tirahan paos Mulud kapêngkêr punika kajawi cêpakan dhahar satêngah taun à f 75 x 6 = f 450. Sarta arta beceran à f 25 x 6 = f 150. Gunggung f. 600. Kirang f 400.

--- 103 ---

Sampun kula aturakên ing panjênêngan sampeyan kala bibar Garêbêg lêt 8 dintên, gunggung paos Mulud jangkêp f. 1000.

a: Dadi wis ora nyêkêl dhuwit mirungganane (verk v. arane.)

b: Botên. Arta bayaran sambutan dhatêng toko kula dèrèng kaparingan, awit dèrèng wancinipun ambayar.

a: Ana pira utangku.

b: Rèkêning kula dèrèng tampi, nanging kodholanipun wontên namung kantun f. 52 x 50.

a: Iku cik bèn, besuk gampang. Turahan dhuwit patang atus saiki tak balèkake marang kowe, nanging kari f. 300, kang f. 100 wis dak wèhake marang dèn ngantèn, iku tindakna kanggo wragading tumbukan sarta sunatan, aja kongsi nyahak marang dhuwit balônja sarta beceran kang wis kotamtokake kanggo pangan satêngah taun, kaya-kaya wis cukup wragad samono, awit wis ora tuku bêras kayu bèbèk pitik, ladèn saka ing desa wis nyukupi. Yèn ana panjaluke dèn ngantèn, kanggo têtuku barang sarta marang kabutuhaning pawon, wèhana, nanging aja sêpi pratelan apa

--- 104 ---

barang kang tinuku, kabèh lêbokna ing êbuk kanggo pèngêtan utawa pêpiritan yèn ing têmbe buri bisa duwe gawe manèh.

b: Inggih sandika.

a: Iwak, panganan olah-olahan cara Walônda, kowe yasaa dhewe ana ngarêpan, aja awor ana ing buri, mundhak angrubêdi panggaweaning wadon, lumadine sêlingên karo iwak, panganan olah-olahan cara Jawa lan wowohan, têpunga karo pawon buri, kowe anjaluk pirang piring, ing kana mung bakal nyadhiyani.

b: Inggih sandika, kulanun mawi nimbali koki.

a: Iya, yèn kok olah dhewe môngsa enaka. Wong dudu gaweanmu.

b: Miturut ungêling buk.

a: Sanadyan mêngkonoa iya isih akèh tuna dungkape, mêntah matênge ora sêdhêngan andadèkake owahing rasa, tarkadhang sok bisa dadi ora kalap dening bobrok pangolahe, ambadhêl utawa gosong kakehan gêni.

b: Mênawi pancèn mawi koki punapa botên prayogi barangipun kemawon kaparingakên [kaparinga...]

--- 105 ---

[...kên] mrika, awit ngundang koki punika kathah bayaranipun, sadintên sadalu botên purun saringgit.

a: Bêcik ngundang koki tinimbang barangmu kopasrahake marang omahe mêsthi akèh sing dicolongi. Ora gêlêm opah saringgit iya undhakana, môngsa ngantia limang rupiyah, ora, kowe ngowêl dhuwit limang rupiyah, ora sumurup yèn barangmu dibathi luwih pangaji sapuluh rupiyah, tur isih nganggo ngopahi, iku ora nyatur gêlaning ati dibodhokake marang koki.

b: Sapunika kula sampun têrang wadosing koki, sarta badhe botên ngandêl dhatêng wicantênipun. Minuman kula tumbas dhatêng ing pundi.

a: Mênyanga ing loji bae.

b: Punapa botên prayogi dhatêng pacinan sagêd pikantuk mirah.

a: E, kêpriye ta, kowe kuwi, minuman saka ing pacinan iku kajaba ala isih dipalsu, mulane rêgane murah bangêt, tinimbang karo rêganing minuman saka ing loji.

b: Srutu, martega, kèju tuwin ulam, bleg-blegan punapa inggih makatên.

a: Iya, kêna kokiyas kabèh iku ora

--- 106 ---

ana kang enak, sing kêna koandêl mung tèh, cêngkuwèh, gula batu, tai kucing tuwin manisan, iku kabèh bêcik, nanging diawas marang lakuning bobot, paribasan kumêdhèp kasèp, awit wis watake bôngsa Cina dhêmên angurangi bobot utawa ukuran, nyolong alus sadina-dina dening bodhoning bangsaku wong Jawa durung sumurup bênêr luputing bobot utawa aturan, kaya ta: tuku gula sakati rêga karotèng ana, rêga walulas dhuwit iya ana, rêga rong wang iya uga ana, mung nuruti karêpe si Jawa kudu jaluk murah, ora sumurup tumiba ing larang dening kuranging bobotan utawa ukuran mau.

b: Minuman saha sanès-sanèsipun wau kula tumbas dhatêng ing toko pundi.

a: Tukua marang tokone Tuwan Brongkos bae (C. van Bronkhorst) sakidul krêtêg gantung (sapunika Concordia) nanging janjèkna yèn panganggomu ana turahe kêna bali. Dene gula tèh sapanunggalane têtukua marang gêdhong gêdhe (sawetan krêtêg agêng) kêncèng bae bisa olèh murah, nanging arahên aja kongsi turah akèh-akèh bêcik kêpara kurang, tuku manèh pira suwene, awit angrawati [a...]

--- 107 ---

[...ngrawati] gula tèh kowe môngsa bisaa kaya bôngsa Cina ora, ora wurung tèhmu dadi ngabar, gulamu nyêmlèk.

b: Kajêng obong kula tumbas dhacinan, punapa ngangge kajêng rèncèk ngadhang tiyang saking dhusun.

a: Bêcik tukua dhacinan bae mênyang bêton, kajaba ora kêblondrong panukumu, anggone mèntèr ora ambêlêbês, mung kangelan pamêcahe sawatara, wong desa ora kurang, matèkna wong siji bae madung kayu môngsa kantua, ora.

b: Punapa sampun botên wontên dhawuh malih, kula badhe lumampah sapunika.

a: Sisan lakumu mênyanga Kêmlayan golèka niyaga, pasrahna pangarêpe bae, aku jaluk gawene kônca niyaga dalêman cacah 14, nabuh sadina sawêngi opahe pira.

b: Bilih niyaga sae sampun wontên planggêranipun kenging kapetang racak niyaga satunggal sadintên sadalu sarupiyah, undha usuking bayaran wontên pranatanipun pangajêng, kapirit saking awrat ènthènging tabuhan sarta undha-usuking kasagêdanipun, dados bayaraning niyaga botên sami nyarupiyah, [nyaru...]

--- 108 ---

[...piyah,] wontên ingkang langkung, wontên ingkang kirang.

a: Sok mangkonoa kêna kok ênyang kurange saka f. 14,- rupiyah.

b: Kajêng kula inggih makatên, badhe kula awis, mênawi purun f. 10,- dumugi f. 12,- rupiyah.

a: Kowe apa wis duwe têpungan niyaga.

b: Sampun, malah ingkang kula têpangi pangajêngipun nama Kyai Miling (namaning gêndhing).

a: Kabênêranane. Bab talèdhèk kowe apa bisa golèk.

b: Sagêdipun wau inggih sagêd, nanging botên mêsthi sagêd angsal ringgit ingkang sae, nanging mênawi pangupados wau kapasrahakên dhatêng niyaga, sok adhakan sagêd angsal ringgit sae, awit ringgit punika asring gadhah cocogan manah kalihan niyaga ingkang badhe nabuh.

a: Sok mangkonoa bêcik pasrahna marang Kyai Miling bae, ora kangelan tur sok bisa olèh talèdhèk bêcik.

b: Inggih sandika. Punapa sampun têrang dhawuh sampeyan.

a: O o kêlalèn aku, Tuwan Brongkos kuwe totok, durung pati bisa cara Jawa, [Ja...]

--- 109 ---

[...wa,] kowe ora pati bisa cara Mlayu, susah mêngko olèhmu rêmbugan, bêcik aku bae sadhela mrana kêtêmu dhewe, tak nunggang jaran bae kowe dhisika.

b: Inggih sandika.

__________

Karyaboga, a: Pundi wowohane sing bêcik-bêcik nika.

Tarupala, b: Niku napa kurang bêcik.

a: Dadi ajêng dinggo pista niku wowohan kaya mêkotên.

b: Kula wêtoni sing apik-apik, ampun dika anyang sakêcoh-kêcohe nggih.

a: Botên, la dika suntak saka sênik kabèh, mêngke kula pilihane.

b: Lèh (verk v. olèh) dika ajêng tuku salak pintên, kathik sasênik dikon nyuntak kabèh.

a: Dadi ajêng tuku satus niku botên kêna mêmilih.

b: E, kêjaba ta, nèk tuku okèh, dawêg dika pilihi sing jalimêt.

a: Pundi pintone

b: Nèk salak enak lan gêdhe-gêdhe botên ontên pintone, nèk kadadeyan panganyange [pa...]

--- 110 ---

[...nganyange] mawon dika mêcah siji, nèk botên enak bali.

a: Niki sajinahe pintên.

b: Patang wang.

a: Tobat-tobat napa siji cucuke ngrong gobang.

b: Niki môngsa murah salak, napa êmpun larang.

a: Bênêr êmpun larang, anua nika môngsa ngantia rêga ngrong gobang siji.

b: Ênggih dika anyang, ampun pijêr maoni wong tawa mawon.

a: Ngrong wang sajinah awèh.

b: Têsih tangèh.

a: Pintên barèse mawon.

b: Sêtali êmpun botên kêna kurang sigar.

a: Êmpun ta, kula undhaki dadi rong kêthip.

b: Botên olèh.

a: Têlu tèng botên olèh.

b: Dika ajêng tuku pintên atus ta.

a: Wau kula êmpun tutur mung tuku satus mawon.

b: Dika milih ta, êmpun kula wèhake.

--- 111 ---

a: Êmpun niki mawon, kula jaluk peling lima.

b: Tobat-tobat, kathik ontên adol salak gêdhe nganggo peling, niku cara pundi dika jipuk siji minôngka pintone.

a: Kula tuku salak geyol sing ontên dhasaran niku satus mawon, dianggo cadhong niyaga, sêjinahe sêtèng, dadi cucuke nyigar.

b: Dika niku nèk anyang-anyang olèhe ngreyoh, dika duwe napa awèh kula tuku sêmontên, nèk botên nyêdhuwit kula botên awèh.

a: Êmpun ta, kula tuku molung dhuwit, sêjinahe dadi wolung wang satuse.

b: Dika milih kula wèhake murah satak bathi sanak, wong êmpun okèh-okèh dika tuku salak.

a: Jêruk kêprok lan jêruk pacitan sing apik dika napa ênggih duwe.

b: Duwe malih.

a: Dika wêtokake. Pintên niki jêruke kêprok sêjinahe.

b: Saniki jêruk kêprok êmpun larang, kula adol sêjinah sêpuluh wang.

--- 112 ---

a: Napa siji nganti rêga suwang.

b: Botên eram kula, nèk jêruk kêprok athuk pundi yèn nuju larang dening nuju têlag, siji nganti rêga sêtali. Nèk jêruke pacitan rada ontên murahe, sêjinah mung patang wang.

a: Satêmêne mawon pintên jêruke kêprok.

b: Êmpun ta, kula sudakake suwang.

a: Nèk awèh wolung wang, kula tuku rong jinah, dadi êmpun cukup molung dhuwit.

b: Ênggih ta, êmpun, dika milih kula wèhake.

a: Jêruke pacitan, gêlisan mawon sêjinahe kula tuku nyêtali, kula tuku rong jinah.

b: Ênggih ta, êmpun, kula wèhake pisan.

a: Dhukune dika sok kabèh, kula ajêng tuku sèwu.

b: Gampang ngêsokake, dika arêp pintên satuse.

a: Nèk dhuku kula rak êmpun tuku mriki, kêrsananekêrsane. ndara kula lêgi-lêgine nèk mêntas dhahar, dhuku adate satuse rong wang.

--- 113 ---

b: Ênggih bênêr, kula soke kabèh, dawêg dika milih.

a: Êmpun dika widèni, bênêr napa botên.

b: Ji, ro, lu, pat, ma, nêm, tu, lu, nga, luh, las, athik sèwu satus niki.

a: Banjur busuki, tuku dhuku napa botên olèh peling, sêjinahe siji, tuku sèwu pintên nèk botên satus.

b: E, ênggih, bênêr dika, sèwu satus kêlêbu pelinge.

a: Jambune lêgèn niku sêjinahe rêga pintên.

b: Sêtali.

a: Manggise.

b: Padha mawon, ênggih sêtali.

a: Gêlisan mawon nèk awèh ngrong wang kula tuku nyatus.

b: Ênggih ta, êmpun, wong dika tuku okèh.

a: Mung kèri gêdhang mas, kula dèrèng tuku.

b: Lah niki kula ênggih duwe, dawêg dika dêlok.

a: Kok ora pati abang ngene kulite. Napa niki têsih ênom disêmprong.

b: Athik kula adol gêdhang sêmprongan,

--- 114 ---

botên cara bakul gêdhe adol wowohan botên apik, niki rak dèrèng dalu mawon, nanging didhahar ing priyayi êmpun enak, sesuk dika tonton rupane amêsthi pangling.

a: Pintên niki sêtangkêbe.

b: Sêtali niku kula wèhake.

a: Rong wang nèk awèh, kula tuku limang tangkêp.

b: Ênggih êmpun ta, dika milih.

a: Êmpun niki mawon, kalih kula tuku mêlih panganan niyaga, salak geyol, sêmak, mundhu, kleca lan bêsusu, utawa gêdhang pulut tuwin liya-liyane, mang pêpaki rêga rong rupiyah.

b: Ênggih, botên-botêne kula wèhi larang.

a: Pintên gunggungane dhuwite.

b: Mêngke kula ejrahe.

Salak gêdhe 100 à = 10,25 duit x 10 = 2,50 duit. Salak cilik 10 à = 10,08 duit x 10 = 0,80 duit. Jêruk kêprok 20 à = 10,80 duit x 2 = 1,60 duit. Jêruk pacitan 20 à = 10,30 duit x 2 = 0,60 duit. Gunggung 5,50 duit.

--- 115 ---

Gunggung 5,50 duit. Dhuku 1000 à = 100,20 duit x 10 = 2,00 duit. Jambu 100 à = 10,10 duit x 10 = 1,00 duit. Manggis 100 à = 10,10 duit x 10 = 1,00 duit. Gêdhang mas 5 tangkêb à 20 duit x 5 = 1,00 duit. Gunggung 12.90 duit. = f 10.75

Rolas rupiyah gobang punjul sangang wang, napa botên êmpun bênêr.

a: Êmpun bênêr petung dika, kula wilangake dhuwite dhisik. Lah êmpun niku dika widèni.

b: Êmpun ganêp rolas rupiyah gobang punjul sangang wang.

__________

Karyaboga, a: Iwak dika bot satus rêga pintên.

Banjaransari, b: Mang tuku sêringgit mawon.

a: Biyung, biyung, bok ampun kadohan pêmbalap.

b: Dika ênggih êmpun dhêngêr rêgane, dadak nganggo takon.

a: Pak bêla§ = Patbêlas. sak uwang nèk awèh.

b: Dèrèng olèh.

a: Êmpun ta kula suda sêtèng kalih adate,

--- 116 ---

dadi kula tuku limalas tèng, kula tuku bot limang atus.

b: E e, kok okèh olèh dika tuku iwak, napa dara dika ajêng kagungan gawe.

a: Ênggih, ajêng nêtêsake putrane.

b: Wong okèh olèh dika tuku, kula wèhake, kula sudakake sêtèng kaya panjaluk dika, pancène iwak bot satus botên kêna kurang saka rêga limalas uwang.

a: Utake kula tuku satangkêb, atine sablèbèk, isone sêrêgan sadhempol, pintên rêgane niku.

b: Dika tuku srupiyah mawon.

a: Napa sarupa nganti rêga matang wang. Nyêtali nèk awèh.

b: Botên.

a: Sêpuluh wang botên awèh.

b: Ênggih ta, êmpun dika pèk.

a: Pintên gunggunge dhuwite.

b: Limalas tèng ping lima. Sing sêpuluh wang ping lima dadi sèkêt wang = 500, duit. Sing patang wang ping lima dadi rong puluh wang = 200, duit. Gunggung 700, duit.

--- 117 ---

Gunggung 700 duit.

Sing sêtèng ping lima dadi têlu tèng = 25, duit. Kalih sêpuluh wang = 100, duit. Gunggung 825, duit.

Wolung puluh wang punjul têlu tèng

Dadine putih sing sawidak wang = f 5, rupiyah kari têlu likur tèng sing rolas wang = f 1, duit. kari sawêlas tèng sing sangang wang = f 75, sèn kari karotèng = f 12½, sèn Gunggung = f 6,87,½ nêm rupiyah wolung kêthip punjul têlung benggol utawa padha kalih sawêlas tèng, napa ênggih mêkotên.

a: Ênggih êmpun bênêr, dawêg kula wilangi dhuwite dika widèni.

b: Êmpun ganêp.

__________

Karyaboga, a: Kupingan, kêmbang waru, kêmbang jambu, kêmbang durèn, kêlak kêling, widaran, ondhe-ondhe, cucur niku satus pintên nyah ngantèn.

--- 118 ---

Seli, b:§ têtiyang Jawi trahing alit, kathah ingkang basa dhatêng Cina pranakan sarta nyonyah Cina, nanging dhatêng Cina singkèk botên basa, kosok wangsulipun, bôngsa Cina botên wontên ingkang purun basa dhatêng bôngsa Jawi, bilih botên dipun basani, sanadyan dha. Molung wang wak, kuwih-kuwih kene bêcik dhewe tinimbang karo liya-liyane.

a: Sêtangsul gih nyah.

b: Durung olèh wak.

a: Kawan tèng napa botên angsal.

b: Kowe arêp tuku pirang atus.

a: Ming tumbas gangsal atus, nanging mang wêrnani sêdantên.

b: Apèka ta wis, tak wèhake.

a: Mêngke kula milih, êmpun niki mawon êngga mang wadhahi. Nigi lhe yatrane kawan tèng ping gangsal dados wolulas tèng.

b: Wilangên ing dhulang kono bae wak.

__________

Karyaboga, a: Pundi kobis boncise lan slèdri kaprine sing apik-apik, kula pilihane.

Rodamala, b: Sing ontên dhasaran niki napa kirang sae, ngotên.

a: Êmpun padha bêsêm, lan kula ajêng tuku okèh, sing ontên buri niku mang suntak kabèh.

--- 119 ---

b: Êngga, sêdantên.

a: Kobis sapuluh, boncis satakêr slèdri kaprine sathithik niki mawon, dika jaluk pintên.

b: Mang tumbas tigang rupiyah mawon.

a: Karo têngah nèk awèh.

b: Dèrèng, kobise mawon sadaya, nyuwanga sêtunggil êmpun rêgi sadasa uwang.

a: Êmpun ta kula undhaki suwang dados sangalas uwang botên awèh.

b: ÊNggih dèrèng.

a: Rongpuluh wang nèk botên awèh gih êmpun.

b: Ênggih ta, êmpun, kula sukakake.

a: Thokolane kalih kangkung lêmbayunge, tuwin jalegore utawa kacange sapêpake kanggo janganan, kula mang doli sêtêngah rupiyah mawon.

b: Ênggih, êngga kula sukani mirah.

a: Nigi lo dhuwite rongpuluh wang kalih sêtêngah dadi rong rupiyah punjul rong wang, mang tampani.

b: Ênggih.

--- 120 ---

Karyaboga, a: Kula nuwun bokmas.

Dayarasa, b: Napa saka blônja niku wau.

a: Inggih.

b: Kok okèh timên nganti diburuhake wong loro.

a: Putra sampeyan dara Dèn Ngantèn Bèi Tangkilan badhe kagungan damêl nêtêsakên putra, ngantos siyang dèrèng mantuk kadangon awit awis-awisan kemawon, botên kados têtumbas mriki namung dhawahakên kemawon.

b: Kula niki botên bisanan towa-tawa niku, sapisan nyuwèni laku okèh sing kula ladèni, kaping pindho sok bisa gawe kêblondronge wong nganyang, prasasat kula angapusi alus, dodolan botên sabênêre.

a: Awis bokmas, kados panggalih sampeyan, waton sucining panggalih sadean tanpa tawi.

b: Botên saka ngotên, mung murih kêcukuping pagawean, tanpa tawa, ewadene bau kula bocah papat olèhe mungkusi bumbu botên lèrèn-lèrèn, lan niku dika ênggih wêruh dhewe.

a: Kula sampeyan paringi.

--- 121 ---

Sarêm saparah 12 wang = f 1.

Traos abrit sabanon 8, wang = f 67.

Traos pêthak sabanon 6, wang = f 50.

Traos cêmêng sabanon 3, wang = f 25.

Brambang 2 takêr 16, wang = f 1,33.

Bawang 2 gèdhèng 8, wang = f 67.

Mrica pala tumbar jintên salam laos 2 wang = f 16½

Balur kula botên tumbas katosan, tumbas atusan kemawon

Balur kutuk 100. 4, wang 200, 8, wang = f 67.

Balur jambal (kêcing) 100. 3, wang 200, 6, wang = f 50.

Balur itik 100. 3, wang 200, 6, wang = f 50.

Balur sisik 100. 3, wang 200, 6, wang = f 50.

Balur bandêng 100. 3, wang 200, 6, wang = f 50.

Gunggung 1000.

Krècèk sae 100. 2, wang 200, 4, wang = f 33.

Krècèk sêdhêng kalih têng 200, 3, wang = f 25.

Krècèk awon 8 duit 400, 32, duit = f 26½

Gunggung 800. Gunggung f 8,05.

Pintên gunggunging yatranipun bokmas.

--- 122 ---

b: Êmpun kula petung kalawan bincilan, tinêmuning gunggungan wolung rupiyah putih punjul nêm dhuwit.

a: Sumôngga artanipun sampeyan widèni, kula sampun pitajêng kemawon dhatêng sampeyan, mênggah lêrêse petangipun.

b: Êmpun ganêp.

__________

Jagakarsa, a: Kula nuwun.

Wagaprana, b: Sintên niku.

a: Kula bok Jagakarsa.

b: Lah bok banjur mlêbu mawon napaa (lah napaa botên banjur mlêbu mawon).

a: Lampah kula dipun utus ingkang putra dara Dèn Ngantèn Bèi Tangkilan, mênawi sampeyan sagêd benjing dintên Salasa Lêgi dipun timbali mriki, wanci pukul 8 sampuna dhatêng.

b: Ontên gawene napa kula ditimbali, napa têtêsan.

a: Inggih ingkêng wayah dèn Rara Suwarni dipun têtêsakên.

b: Ênggih ta, mang matur sandika.

a: Sampun nyai kula lajêng badhe dhatêng pêkên.

b: Ênggih.

--- 123 ---

Jagakarsa, a: Bokmas, sampeyan mênapa gadhah sinjang sêkaran.

Karyapuspa, b: Ingkêng sampeyan padosi sêkaran mênapa.

a: Sindur, bangun tulak, kalihan mayang mêkar.

b: Wontên.

a: Pintên aosipun wêrni tiga mênika.

b: Sampeyan tumbas kalih rupiyah kemawon kula sukakakên.

a: Kula awisipun sampun duka inggih.

b: Môngga kula aturi dhawahi.

a: Srupiyah.

b: Dèrèng.

a: Gangsal wêlas uwang kaparingakên.

b: Inggih dèrèng.

a: Sampun ta, kula tutup kalih têngah.

b: Inggih mêksa dèrèng.

a: Inggih sampun, kula pados sanès.

b: Sampeyan wangsul, sampun ta kula sukakakên sêlikur wang.

a: Kadospundi ta, bokmas, sampeyan mênika, yatra sampeyan awis kula sampun botên mindhak malih.

b: Inggih ta, sampun, kula sukakakên kangge cundhuk laris taksih enjing sampun pajêngan.

--- 124 ---

a: Môngga yatranipun sampeyan tampèni.

b: Inggih sampun lêrês kalih têngah.

a: Sampeyan punapa gadhah lètrèk.

b: Gadhah malih tiyang panunggilanipun sêkaran.

a: Kula tumbas satunggal kemawon kalih tèng.

b: Sadenan kula kalih wang.

a: Yèn parêng kados sapangawis kula wau.

b: Inggih ta, sampun kula sukakakên.

a: Mênika yatranipun.

b: Inggih.

__________

Jagakarsa, a: E, yu gendhong lurik, dika mandhêg sadhela.

Rôndhasêmaya, b: Napa ajêng tumbas.

a: Wong ngandhêg nèk botên ajêng tuku ajêng napa.

b: Êngga ta, mang milih, dagangan kula sae-sae.

a: Dika duwe jarik tuluhwatu kalih slendhang liwatan lan yuyu sakandhang.

b: Gadhah wêdalan Ngungking.

a: Coba kula dêlênge. Kok kasar timên.

b: Dos (verk v. kados) pundi ta, bokmas, [bokma...]

--- 125 ---

[...s,] sinjang kados ngatên mang wastani kasar, sing alus kados napa.

a: Jarike niki dika rêgani pintên.

b: Tiga mawon.

a: Slendhange.

b: Kula sade kalih têngah sêtunggil.

a: Gêlisan mawon tiba paro kabèh, jarike karo têngah, slendhange sangang wang sitok.

b: Dèrèng angsal yèn sêmontên.

a: Êmpun ta kula indhaki rong wang jarike, dadi rongpuluh wang, suwang slendhange, dadi sêpuluh wang sitok, gunggunge jarik lan slendhang patang puluh wang.

b: Ênggih ta, êmpun, kula sukakake.

a: Mêngke kula etungake dhuwite, lah êmpun niku dika widèni.

b: Êmpun jangkêp.

__________

Jagakarsa, a: E, bah renea.

Singsiyu, b.:Apa kowe alêp tuku sêmbagi.

a: Iya udhunna kene tuku rong wêrna bae nêlung kacu, sing jambon karo sing kuning iki bae sakacune rêga pira.

b: Sing jambon sêtali, sing kuning wolu likuk dhuwik.

--- 126 ---

a: Sing jambon suwang, sing kuning wolung dhuwit.

b: Ola ola.

a: Mêngko ta, dhisik, aja kudu mlayu bae.

b: Pila pila.

a: Sing jambon tak undhaki dadi rolas dhuwit, sing kuning suwang.

b: Iya, pilang kacu.

a: Wong wis dika kandhani nêlung kacu pijêr takon bae. Olèhmu ngaconi aja mêngkono, mêngko rak dadi kurang saka têlung kacu.

b: Ola, ola ola kulang mêsthi bênêl.

a: Mêngko ta, sêmbagimu kuwi aja kêsusu kobuntêl dhisik, aku arêp tuku akèh, sing plênik irêng iku saêmblok rêgane pira.

b: Nêm lupiyah.

a: Sêringgit ya.

b: Ola, ola.

a: Têlu kurang sêtali kêpriye.

b: Ola olèh.

a: Ya wis.

b: Tukunên têlu lupiyah wae.

a: Êmoh.

b: Ya tawis, tak wèhake sanak-sanak.

a: Dadi pira dhuwite.

--- 127 ---

b: Kowe pila etunge.

a: Têlu kurang sêtali diwuwuhi sêtali dadi têlung rupiyah diwuwuhi manèh rolas dhuwit ping têlu = kapat tèng punjul sadhuwit§ petangan tèng, ingkang kangge ing bakul sambiwara, kados ta: kapat tèng = 35 duit. kapat tèng punjul saduit = 36 duit. kapat tèng punjul sagobang = 37 duit. patang wang kurang sagobang of saduit = 38 en 39 duit. nanging karo tèng of têlu tèng punjul sad. gunggung têlung rupiyah punjul kapat tèng sadhuwit, apa iya wis bênêr mangkono ki.

b: Iya wis bênêl.

__________

Jagakarsa, a.:Ngriki mênapa wontên sinjang cap-capan sêkar kopi kalihan jamblang.

Karyawastra, b.:Wontên sadaya, sampeyan badhe tumbas pintên.

a: Sêkaripun kopi namung satunggal, jamblangipun sakodhi.

b: Mênika jamblangipun sampeyan tingali, brêgas punapa botên, sêratanipun nêtês, montênipun kêmrasak, babaranipun sumringah, nanging aosipun awis, sakodhi kawan dasa rupiyah.

a: Mênapa satunggal cucukipun ngantos rêgi 2 rupiyah.

b: Inggih.

a: Mênawi kêparing kula suwun kalih dasa.

--- 128 ---

b: Sêlot-sêlotipun.

a: Kula aturi mudhun ta.

b: Kula udhunakên gangsal, dados namung rêgi kawan sasur.

a: Taksih kêtêbihên pêmbalap, barèsipun kemawon pintên.

b: Sampeyan mindhak pintên.

a: Kula aturi indhakan kalih, dados kalih likur rupiyah.

b: Dèrèng.

a: Sampun ta, mindhak kêkathahên atur, mênawi kêparêng salangkung rupiyah.

b: Inggih dèrèng.

a: Inggih sampun, kula namung nyuwun tumbas sêtunggal sêkaripun kopi kemawon, mênika pintên aosipun, kok blocok timên.

b: Sampeyan tumbas kalih têngah kemawon.

a: Dhawah palih.

b: Dèrèng angsal.

a: Kula indhaki suwang, dados sadasa uwang, botên parêng.

b: Inggih ta, sampun, sampeyan pundhut. Kadospundi gamblangipun.

a: Parêng mênapa botên.

--- 129 ---

b: Môngga ta, kula aturi ngindhaki malih.

a: Kula sampun botên mindhak.

b: Inggih ta, sampun, kula caosakên, sêrêp-sêrêp dados lêngganan.

a: Punika yatranipun sêlangkung kalihan sêdasa uwang, sampeyan widèni.

b: Inggih, sampun lêrês.

__________

Tangkilan, a: Bujaprasita.

Bujaprasita, b: Kula.

a: Jaranku si Madusêti abah-abahana, arêp dak tunggangi mênyang loji.

b: Inggih sandika.

a: Jokna mrene.

b: Inggih.

a: olèhmu nglapaki iku kêmajon, undurna sathithik.

b: Inggih.

a: Apuse buntut iku yèn ora kok owahi amêsthi kêkêndhon, dening unduring lapak.

b: Punapa samantên.

a: Uwis, samono bae sêdhêngan, taline uwang iku kêkêncêngên, sabên-sabên iya mêngkono ora tau kogatèkake pituturku yèn tali uwang iku

--- 130 ---

ora kêna kêncêng-kêncêng. Wis samono bae, êndi cêmêthine.

b: Punika.

__________

Tangkilan, a.: Tabik tuwan.

C. van Bronkhorst. b.: Sore dhèn Ngabèi, tabik adha baik.

a: Baik tuwan.

b: Lama sobat tidhak dhatêng dhi toko.

a: Saya tuwan, barang kali lêbih tiga bulan. Kêmarèn tuwan bukak rèkêning saya punya utang srutu, sudha saya bayar poldhan.

b: Bêtul, tapi cuma uwang sêdhikit f 12.50 dhua bêlas rupiyah sêtengah.

a: Sêkarang saya mau ambil barang banyak.

b: Baik, dhêngên sêgala sênêng ati, apa sobat mau adha kêrja.

a: Saya tuwan, kêbêtul ari taun saya umur 33 taun, nama tumbuk sêkali, biasanya orang Jawa dhirayakên dhêngên pêrjamuan dhan paginya nyunatkên saya punya anak prampuan.

b: Itu adhat baik sêkali, apa nyang sobat misti pakwidèni bole ambil.

a: Saya sudha bikin stat, kalu suka bole [bo...]

--- 131 ---

[...le] priksa saja dhan lantas taruk arganya sama sêkali.

b: Coba saya priksa: konyak 1 dhosin arga f 36. jênèwêr AVH 1 kèlèr = 15 kopi arga f 22.50, anggur merah 1 dhosin arga f 12. aer blôndha 1 kranjang 50 kruwik arga f 12.50, pait 2 botol arga f 2. srutu Manila 1 pêthi 125 arga f 12.50, srutu abana 1 pêthi 100 arga f 7.50, salêm 5 blèg arga f 7.50, èrcis 5 blèg arga f 3. Martega 1 tong arga f 12.50, Gunggung f 128. Sêmua barang adha dhan bole ambil

a: Baik tuwan, têtapi saya adha sêdhikit pêrmintaan.

b: Apa.

a: Itu barang samua, nyang têrsêbut dhi dhalêm stat, dhan yang tuwan sudha taruk arganya, kapan tiadha abis saya pake, sêbrapa lêbiannya, saya bole kirim kêmbali, adhapun bayarannya nanti dhi blakang bole rèkên lagi dhêngên saya kirim kêmbali barang lêbian itu sama

--- 132 ---

uwang bayaran abisnya barang nyang saya sudha pake.

b: Baik sobat, asal bêlum dhibukak saja bole kirim kêmbali.

a: Apa saya bisa trima sêkarang barang itu sêmua.

b: Bisa jugak sobat.

a: Kalu suka bole dhitrimakên saya punya orang Jayanimpuna namanya, nyang sring kali saya suru bawak bon ambil barang dhi sini.

b: Baik, lah itu sudha kliatan dhatêng mênusul.

a: Noh sudha tuwan, saya minta pêrmisi pulang lêbih dhulu.

b: Baik, slamêt jalan sobat.

a: Trima kasih.

__________

Jayanimpuna, a: Kang Baukarya.

Baukarya, b: Kula mas.

a: Ayo milua aku, anggawaa kônca buruh anaa wong wolu bae cukup, mirantia pikulan sandhat utawa dhadhunge pisan.

b: Inggih.

a: Gilo barang iki kabèh gawanên mênyang Tangkilan, banjur jujugna ing gêdhong minuman bae, [ba...]

--- 133 ---

[...e,] pasrahna marang panakawan, kowe kabèh banjur nusula aku mênyang pacinan gêdhong gêdhe, tak bayari ana ing kono bae, lan kowe dhewe karo kancamu siji manèh anggawaa gula tèh sapanunggalane, pikulên wong loro bae cukup.

b: Inggih.

__________

Jayanimpuna, a: Bah, nontoni tèhmu kèki lawas.

Kyang Sing, b:Ya kiye.

a: Dudu, la ya kuwi sing kodhêlikake.

b: Iki lalang.

a: Wis dhêngêr nèk larang, malah aku arêp tuku akèh.

b: Tuku pila, tuku pila.

a: Sarèh ta, rêgane pira sabungkus.

b: Sêlupiyah, ola kulang.

a: Aku wis kêrêp tuku mrene kongkonan bocah anggawa conto dluwange bungkus, rêgane sabungkus wolung wang, sarèhning aku tuku akèh dak jaluk sudane, nèk awèh sabungkuse tukuk wolu tèng, aku tuku sapuluh bungkus.

b: Ola, ola, ola kêna kulang wolung wang.

a: Èr, èr, têmênan, kowe ora awèh, [a...]

--- 134 ---

[...wèh,] tuku akèh kok padha tuku sathithik, aku arêp golèk liya, aja koêntol, mêngko aku yèn wis lunga kok undang bali aku suthik.

b: Ya ta, wis, sanak sanak, tak wèhake.

a: Wis ta, ngono wae, sarèhning aku tuku akèh lan wis sumurup rêrêgane, tak ênyang sudane saka padatane wong tuku ècèr, timbangên karo wong tuku akèh, yèn awèh sukur, yèn ora awèh aku golèk liya, dadi ora kakèhan idu. Satêmêne aku sêdhih caturan karo kowe, mundhak kêmruwuk kaya wong padu, rinungu ing wong aku isin, saiki tak petung rêgane wutuh bae, kaya ta: tèh para 5, bungkus à 40, d. x 5, = f 1,67. tèh dhahar 10, bungkus à 80, d. x 10, = " 6,67. gula batu ¼ dhacin = 25, kati à 40, d. x 25, = " 8,33. gula pasir ¼ dhacin = 25, kati à 30, d. x 25, = " 6,25. cêngkuwèh 10, kati à 40, d. x 10, = " 3,33. tai kucing 10, kati à 40, d. x 10, = " 3,33. manisan 4, tenong à 240, d. x 4, = " 10,- Gunggung f 39,58. (punika rêrêgèn jaman 50 taun minggah)

--- 135 ---

Iku dak kurangi limang prêsèn, srupiyahe suda nêm dhuwit, yèn awèh aku tuku kene kabèh, yèn ora awèh ya wis, aku arêp golèk seje.

b: Mêngko dhisik tak lêmbuge (lajêng wicantênan cara Cina kalihan kancanipun) ya wis, sanak-sanak tak wèhake, besuk tukua mlene manèh wae.

a: Iya ta, wis, nuli katènana, katène aku jaluk katèn bênêr rong puluh reyal (sareyal = 9 duit 20 reyal = sakati = 180 duit) aku wis mangêrti katèn, aja kok apusi.

b: Ola ola. Wis ganêp kabèh, êndi dhuwike.

a: Mêngko ta, môngsa aku mlayua ora, nanging rak nganggo dietung dhisik, wutuhe f. 39, 58. sing 30, suda 1,50. sing 9, suda 45. sing 58, suda 3. } gunggung sudane f 1,98. kari f 37,60. Apa wis bênêr mangkono.

b: Mêngko tak simpile dhisik, wis bênêl.

a: Lah ênya ta iki tampanana.

b: Iya, tlima kase.

--- 136 ---

Jayanimpuna, a: Kêbênêran kowe wis têka, iki lagi bae rampung olèhku padon.

Baukarya, b: Mênapa saèstu bêkta barang malih.

Iya, nanging mung wong loro bae. Lah iki tampanana opahe wong wolu kang padha anggawa minuman mau, wong siji tak opahi ngrowang, ping wolu dadi nêm bêlas uwang. Kowe lan kancamu siji anggawaa gula tèh iku jujugna mênyang gêdhong wedang, pasrahna marang panakawan bae manèh, iki opahe wong loro patang wang, aku arêp mampir mênyang Kêmlayan, wis ta nuli gawanên.

Inggih. Nya gilo opahamu wong siji ngrong wang, tak potong nyêdhuwit aku sing dadi pangarêp, kari nyangalas dhuwit.

__________

Bujang Kêplèk: Kene. Ayo padha kêplèk bae sisan, kêbênêran ana ngisor asêm, dhuwit sangalas dhuwit dijajakake môngsa dadia slilit, sapa sing mênang iya mêthethu.

Ayo. Somah-somah sêgobang.

Dhudha sêgobang.

Ma jaran, nêm biyung (= gangsalan, sadhuwit dipun samèni sêtèng) sêdhit (verk. v. sêdhuwit)

--- 137 ---

Êmoh, sapuluh biyung nèk gêlêm (sagobang dipun samèni wolung dhuwit, nanging yèn bang ro wangsul sadhuwit).

Iya sêgobang sêpuluhên biyung.

Asor limalasan (sagobang dipun samèni tigang dhuwit, mênangipun namung yèn bang ro).

Sacèt dak limalasi.

Ba ro gèsèh sêgobang.

Sêgobang aku malik ma jar.

Somah ba ro sêgobang.

Sêgobang aku dhudha tèblèg.

Wis umbulna. Apa pasange.

Banthèng lorèng.

Bok pupuk bae si lèh, ora abot.

Sirku banthèng.

Wong pasang sakarêpe aja diwaoni, mêngko têkan kowe rak ya umbul, sakarêpmu kana (ingkang umbul mubêng ngiwa agêgêntosan, nanging bilih dèrèng pêjah botên kenging dipun gêntosi, sarta limrahipun mêthèk somah).

Wis cul.

Loro koco (punika wicantêning cèkèr juru ngladosi tiyang totohan,

--- 138 ---

ingkang mênang nyukani ujuran sadhuwit), dados abrit kalih pêthak kalih.

Sarèhning kasukan kêplèk kathah ubad-ubêdipun, katêrangakên sawatawis kados ing ngandhap punika:

Kasukan kêplèk punika kasukaning bujang utawi bajingan sêsaminipun, ingkang kaangge yatra ombak sakawan, lumahipun dipun ênjêti, nama pêthak, kurêbipun nama abrit, pasangipun arta sakawan wau kajèrèng wontên ing tangan têngên, mênawi pasangipun kasêling, abrit wontên ngandhap, pêthak wontên nginggil, nama pupuk pêthak, mênawi pêthak wontên ngandhap, abrit wontên nginggil, nama pupuk abrit.

I. Bilih pasang abrit kalih, pêthak kalih, nama gandhok, lajêng dipun umbulakên:

a: Bilih dados abrit kalih, pêthak kalih, nama tèblèg utawi ba ro (niet bang ro verk v. abang loro)

b: Bilih dados pêthak sadaya nama ma jar tèblèg (yèn pasangipun pupuk abrit).

c. Bilih dados abrit sadaya nama ma jar gulung (yèn pasangipun ugi pupuk abrit), kosok wangsulipun yèn pasangipun [pasang...]

--- 139 ---

[...ipun] pupuk pêthak, ma jar abrit nama tèblèg, ma jar pêthak nama gulung.

d. Bilih dados pêthak tiga, abrit satunggal, nama dhudha tèblèg (yèn pasangipun pupuk pêthak).

e. Bilih dados abrit tiga pêthak satunggal nama dhudha gèsèh (yèn pasangipun pupuk abrit, kosok wangsulipun yèn pasangipun pupuk pêthak, dhudha abrit tiga nama dhudha gèsèh, dhudha pêthak tiga nama dhudha tèblèg).

II. Abrit tiga pêthak satunggal, utawi III. Pêthak tiga abrit satunggal } pasang dhudha

f. Bilih dados abrit kalih pêthak kalih namung nama ba ro.

g. Bilih dados abrit tiga pêthak satunggal, nama dhudha tèblèg, bilih dados pêthak tiga abrit satunggal, nama dhudha gèsèh zie II, kosok wangsulipun pasang dhudha pêthak tiga abrit satunggal zie III.

IV. Ma jar abrit V. Ma jar pêthak } pasang ma jar.

h. Bilih dados abrit kalih pêthak kalih namung nama ba ro.

--- 140 ---

i. Bilih dados abrit tiga pêthak satunggal, nama dhudha tèblèg, bilih dados pêthak tiga abrit satunggal, nama dhudha gèsèh zie IV, kosok wangsulipun ma jar pêthak zie V.

Pêthekanipun dhudha somah, limrahipun ingkang umbul mêthèk somah, mêngsahipun mêthèk dhudha, kados ta: ba ro, ma jar abrit, ma jar pêthak, nama somah, abrit tiga pêthak satunggal utawi pêthak tiga abrit satunggal } nama dhudha, dadosing warni-warnine pêthèkanipun namung dening pasangipun kasêbut ing nginggil wau.

1. Somah ba ro tandhingipun dhudha gèsèh, mênawi dados ba ro, ingkang mêthèk dhudha gèsèh, kampuh, mênawi dados dhudha gèsèh, ingkang mêthèk ba ro kampuh, nanging mênawi dados dhudha tèblèg, ingkang mêthèk somah ba ro kawon sapalih, dene mênawi dados ma jar abrit, utawi pêthak, baul, têgêsipun, ingkang mêthèk somah ba ro angsal somahipun (ma jar) nanging kawon gèsèhipun

--- 141 ---

(ma jar), ingkang mêthèk dhudha kawon somahipun, nanging mênang gèsèhipun.

2. Limalasan, mênawi dados dhudha tuwin ma jar kawon, mênawi dados ba ro mênang, toh sagobang dipun tandhingi tigang dhuwit.

3. Sadasa biyung, mênawi dados dhudha kawon sadaya, mênawi dados ba ro kawon sapalih, namung mênawi ma jar mênang, arta sagobang dipun tandhingi wolung dhuwit, mila nama sapuluh.

4. Nêm biyung (asor ma jaran) namung mênawi ma jar sadhengaha ma jaripun abrit utawi pêthak, mênang totohanipun, yatra sadhuwit dipun tandhingi sêtèng mila nama nêm biyung.

5. Malik ma jar, tandhingipun somah gèsèh.

__________

Jayanimpuna, a: Kula nuwun.

Miling, b: Sintên

a: Kula Jayanimpuna.

b: E, môngga mas, lajêng mlêbêt ing griya kemawon.

a: Anggèn kula mriki (of kapanggih sampeyan) dipun utus ingkêng putra (niet putra ijêngandika maar mantri umuripun sêpuh voor panèwu [pa...]

--- 142 ---

[...nèwu] umuripun nèm, putra ijêngandika) Radèn Ngabèi Tangkilan, benjing dintên Salasa Lêgi ngajêng punika sampeyan dipun timbali, sarta ambêktaa kônca niyaga 14 kalêbêt sampeyan, kadhawahan nabuh sadintên sadalu, wiwit sontên bibar sontênipun malih, kaparingan pituwas sadasa rupiyah.

b: Kasangêtên manawi namung kaparingan sadasa, kula sudakakên kalih rupiyah saking padatan, dados kaparingan kalih wêlas, kula sakônca sagêd anglampahi, punika taksih angsal cadhong tike tuwin jênèwêr.

a: Inggih sampun kula sagahi sadaya, namung kônca niyaga kula suwun pilihan sadaya, sampun mawi ambêkta kidhungan, mênawi adamêl cuwaning galihipun ingkêng putra.

b: Inggih sampun sumêlang, kula sampun sumêrêp galihanipun radèn ngabèi. Kagungan damêl punapa.

a: Kalêrês wiyosan tumbuk yuswa 33 taun, enjingipun têtêsan putra Radèn Rara Suwarni. Kalihdene malih sampeyan dipun dhawahi pados ringgit ingkang prayogi, namung kangge nayuban dalunipun, siyangipun botên.

--- 143 ---

b: Sintên ingkang dipun karsakakên katayub.

a: Dipun borongakên dhatêng sampeyan kemawon, sok ugi ingkang sagêd adamêl pirênaning tamu.

b: Ingkang sae punika pun Gambyong, nanging awis embalanipun.

a: Pintên.

b: Sadalu sêlangkung rupiyah, piyambakipun ingkang tigang bagean, niyaga ingkang sabagean, pituwas kangelanipun nabuh sadalu tanpa kèndêl.

a: Pikantuking tombok rak inggih kapetang dados ambalan.

b: Inggih, saupami tombok angsal 15, ingkang kagungan dalêm namung tambah 10, wontênipun tombok dipun dèkèkakên ing bokor mawi katumpangan bèri, lungipun arta saking priyantun ingkang bêksa katampèn ing ringgit, lajêng kadhawahakên ing bèri rumiyin, lajêng kasuntak ing bokor, kajawi ngatingalakên kathah kêdhiking tombokipun kasumêrêpan dhatêng tiyang kathah saha dhatêng ingkang kagungan dalêm, inggih ugi kenging kapetang sapintên kathahing pikantukipun, badhe anambahi utawi sampun anyêkapi epahanipun, sampun katingal kemawon, ananging [a...]

--- 144 ---

[...nanging] mênawi tombokipun langkung saking 25 rupiyah, langkunganipun botên kadarbe dhatêng ingkang kagungan dalêm, kaparingakên dhatêng ringgit sadaya.

a: Dados tombok punika sami ugi sumbangan, urun tumut ngepahi ringgit.

b: Inggih.

a: Kula amrayogèkakên pun Gambyong kemawon sampeyan tantun mênawi purun katayub dhatêng Tangkilan, sanadyan epahanipun kathah, mênawi tombokipun pikantuk kathah inggih botên dados punapa, kalihdene malih wontênipun tombok kathah punika botên namung katarik saking ingkang kagungan dalêm, inggih ugi katarik saking awon saening ringgit, saupami ringitipun awon, ingkang tombok inggih botên sagêd kathah tinimbang bilih ringgitipun sae, ingkang tombok botên sagêd sakêdhik, dening lingsêm dhatêng ringgitipun.

b: Dhasar inggih makatên, mas, mila priyantun kagungan damêl ajrih mawi ringgit sae dening epahan kathah, dipun pilampu ringgit awon, epahanipun sakêdhik, punika lêpat.

--- 145 ---

a: Bilih sampun gilig rêmbagipun, kula lajêng mantuk.

b: Kula sampeyan tilari tumbasanipun sêkar sarupiyah, punika minôngka manjêr ical, bilih ringgit sampun kadugi nampèni tumbasan sêkar, sanadyan dipun undang ing tiyang sanès, epahanipun langkung kathah tinimbang kalihan ingkang ngundang rumiyin, inggih dipun tulak, amargi ajrih dening sampun nampèni tumbasan sêkar wau, beda bilih botên mawi manjêr, asring ambalenjani, purun dipun undang ing tiyang sanès ingkang kathah embalanipun, saha sanadyan pangundangipun balêjogan.

a: E, la, pêrlu punika kyai, kêdah dipun manjêri, lah punika kula saosi sarupiyah.

b: Kônca inggih kula suwunakên manjêr pisan sarta lajêng badhe kula wradinakên sapunika.

a: Prayogi, saringgit punika cêkap.

b: Tigang rupiyah sêtangsul cêkapipun, dhatêng kônca tiga wêlas.

a: Sumôngga kula saosi tigang rupiyah sêtangsul, kula lajêng nyuwun mantuk. Sapêngkêr kula lajêng sampeyan tindakakên, ampun ngantos ngapintêni.

--- 146 ---

b: Inggih.

Pukul 8 tamu wiwit dhatêng andalidir, gôngsa salendro pelog mungêl agêgêntosan, dipun sindhèni ing ringgit, sabên tamu dhatêng dipun papagakên dhatêng Radèn Ngabèi Tangkilan, sarta lajêng kaacaran lênggah urut pangkatipun, tumuntên ladosan wedang prêsan, katungka srutu, dhasar tamu pêthilan namung cara nem-neman kemawon barakanipun Radèn Ngabèi Tangkilan, sarta dhasar sami kajêngipun rêmên mêmitran saekapraya.

Tangkilan, a: Môngga kangmas kangmas, utawi adhi-adhi sami kaparêng ngunjuk punapa.

Tamu, b: Kula pait kemawon

Kula inggih pait.

Kula inggih ugi pait.

Kula inggih ugi sami kemawon pait.

a: Punika lêrês, minôngka bikak kêmah badhe dhahar, kaangkah ngunjuk tigang dhasar, sampun sêdhêngan, bibar dhahar ngunjuka inuman ingkang alus-alus.

b: Pangandika sampeyan têmbung tigang dhasar, kula kèngêtan pradikaning ngunjuk, sanadyan [sanadya...]

--- 147 ---

[...n] ing dalu punika pancèn namung among suka kados prayogi ngèngêti ungêling pradika wau.

Punika lêrês, awit bilih sagêd angèngêti inggih sagêd nyênyuda utawi ngêngirangi ing pangunjuk botên ngantos wuru.

a: Wurua punika wontên ngriki sami ugi wontên dalêmipun piyambak.

b: Sanadyan wontên griyanipun pyambak tiyang mêndêm punapa sae, punika rak namung nelakakên lêgawaning galih sampeyan, kaparêng sami mêndêm wontên ing ngriki, inggih nuwun kula sadaya.

Kula kapingin sumêrêp wardikaning pradikanipun ngunjuk awis, nanging dèrèng pikantuk, coba sapunika mupung nuju pakêmpalan kalihan kônca piyambak sarta nunggil budi, prayogi kawêdharakên.

Sintên ingkang kaparêng, kangmas Prabakesa, kados.

O, kula solo, botên apil.

Ingkang apil kangmas Sastrajendra.

Lêrês, ananging tiyang ragi panjang.

Sanadyan kula sami badhe botên kêmba mirêngakên.

--- 148 ---

Mênggah ingkang mungêl ing sêrat parimbon, pradikaning minum punika makatên.

1. Eka padmasari, eka = sawiji, padma = kêmbang, sari = sarining kêmbang, wong minum antuk sadhasar§ sadhasar punika sabumbung alit (cidhuk ora kararèn, nama piyarsa) = sagêlas anggur. kaya kombang ngisêp sari.

2. Dwi amartani, dwi = loro, amartani = andhap asor, wong minum antuk rong dhasar, sahingga gêlêm dikongkon utawa diêpak.

3. Tri kawula busana, tri = têlu, kawula = batur, busana = panganggo, wong minum antuk têlung dhasar, sanadyan batur yèn bêcik panganggone kudu jajar lungguh lan bêndarane.

4. Catur wanara rukêm, catur = papat, wanara = kêthèk, rukêm = wowohan, wong minum antuk patang dhasar, kaya kêthèk mangan wowohan.

5. Pônca sura panggah, pônca = lima, sura = wani, panggah = kasaguhan, wong minum antuk limang dhasar, sanadyan wong kuru mêngi amêsthi ngumbar sanggup.

6. Sad guna wêweka, sad = nênêm, guna = bangkit, wêweka = pangawasaning ati, [a...]

--- 149 ---

[...ti,] wong minum antuk nêm dhasar, sanadyan krungu wong maca utawi muji, pangrasane angrasani ala marang awake.

7. Sapta kukila warsa, sapta = pitu, kukila = manuk, warsa = udan, wong minum antuk pitung dhasar, kaya manuk kodanan, awak andharêdhêg, cangkême kumruwuk.

8. Hastha sacara-cara, hastha = wolu, sacara-cara = sawiyah-wiyah, wong minum antuk wolung dhasar, gampang amêtokake ujar sawiyah-wiyah.

9. Nawa gra lapa, nawa = sanga, gra (verk. v. wagra = awak), lapa = lêsu, wong minum antuk sangang dhasar, wus sarwa lêsu awake.

10. Dasa buta mati, dasa (verk. v. sadasa) = sapuluh, buta = mêdèni, mati = mati têmên, wong minum antuk sapuluh dhasar, wus saengga mati, ewadene isih mêdèni, yèn obah, kang dêlêng padha lumayu.

a: Sapunika sampun dumugi pangandikanipun kangmas Sastrajendra anggêlarakên pradikaning minum, sumôngga ngunjuk sadhasar malih.

b: Punika cikalanipun taksih.

--- 150 ---

Cikalanipun kemawon katêlasakên rumiyin.

Prayogi, môngga.

Môngga.

Ringgitipun sintên dhi.

a: Pun Gambyong, kangmas, lah punika katingal saking ngriki lênggah wontên sawingkinging pangêndhang.

b: Punapa inggih kang mancorong pindha kartika mabangun punika.

Dede, punika rak urubing sêngkangipun, mênawi citranipun ingkang pêthak pindha sasadhara kawêkas punika.

Mangke kemawon dipun titi priksa ingkang têrang, sapunika ngunjuk malih.

Môngga.

a: Dhaharipun sampun sadhiya, mênawi kaparêng sami kula aturi lênggah dhahar.

b: Môngga.

Môngga.

Môngga.

a: Sope dirikat olèhmu nyidhuki sarta nuli larihna, yèn nganti adhêm lumadine kurang mirasa. Môngga sopipun ingkang sampun kawradinan lajêng kadhahar, ingkang kantun nusul kemawon, mênawi sêlak asrêp.

b: Môngga.

--- 151 ---

a: Anggure abang protana kabèh banjur balèkna ing meja panggonane mau, sarta gêlase banyu isènana. Môngga ngunjuk anggur pangluntur amis.

b: Môngga.

a: Piringe sop gêlis nuli jupukana, salinana ambêng dhahar lan karo piring cilik wadhah iwak, tungkanên lumadining dhahar sêga salawuhane, acare aja lali. Môngga dhahar sawontênipun.

b: Môngga.

a: Piring ambêngan piring wadhah iwak gêlis nuli jupukana dalah sendhok poroke, nuli salinana piring cèpèr wadhah dhaharan, tungkanên lumadining wowohan sarta rêmik-rêmikan. Môngga kasambi dhaharanipun.

b: Môngga.

(salêbêtipun dhahar, ringgit katimbalan majêng lênggah wontên kursi sawingkinging pinarakanipun pangagênging tamu, ungêling gôngsa kasindhenan ing ringgit wau wontên ing ngriku (laras namanipun) para tamu katingal gambira).

b: Kula badhe kondhisi dhi.

a: E, mawi kondhisi kangmas.

b: Mawi-mawia.

Thing, thing, thing (nuthuk gêlas sapisan mungêl kaping

--- 152 ---

tiga, kaaturan sami ngisèni gêlasipun anggur piyambak-piyambak).

Thing, thing (nuthuk gêlas kaping kalih mungêl kaping kalih, tôndha pitakèn punapa sampun wradin gêlasipun sampun isi anggur sadaya).

Thing, nuthuk gêlas kaping tiga mungêl sapisan, kalihan ngadêg tôndha ngajak jumênêng, lajêng sami ngadêg (kondhisi) kula ingkang minôngka dados lêlantaran anglairakên ciptaning kathah, para tamu ingkang sami pinarak wontên ing pasamuwan punika sadaya, asuka wilujêng dhumatêng Radèn Ngabèi Tangkilan, dumugi ing dalu punika angsal kamirahaning Pangeran, ginanjar ngumur 33 taun tumbuk sapisan, mugi-mugi tulusa sapanginggilipun dumugi tumbuk kaping kalih 65 taun, sarta angsala ganjaran langkung saking punika (dening andika nabi ingkang yuswa 65 taun) kalayan kasarasan, sarta kabêgjan tumêrah dhatêng garwa putra (kèndêl).

Hip, hip, hip.

Use.

Use.

Use.

a: Thing, thing, thing.

Thing, thing.

--- 153 ---

Thing. Sangêt ing panuwun saha ing pamundhi kula anggèn kula nampèni pratandhaning sih katrêsnanipun para priyantun kônca kula ingkang kalairakên dhatêng radèn ngabèi cucuk, asung pêpuji mênggah ing karaharjan kula, tumêrah dhatêng anak bojo kula, mugi-mugi pangandika wau kabula ing saèsthining galihipun. Ing mangke kula ngaturakên gênging pêpuji kula ing Gusti Allah, ingkang mêdal saking manah suci, mugi-mugi para priyantun kônca kula sami amanggiha kadrajatan, ing saukuring sariranipun piyambak-piyambak, sarta winantua ing kabêgjan agêng, miwah panjang ingkang yuswa, kasarasan ing salami-laminipun (kèndêl).

b: Hip, hip, hip.

Use.

Use.

Use.

thing, thing, thing.

Thing, thing.

Thing, punika karaharjanipun nagari Surakarta (èndêl) = bibar dhahar.

Hip, hip, hip.

Use.

Use.

--- 154 ---

Use.

a: Sumôngga kula dhèrèkakên lênggah dhatêng pandhapa, lêlênggahan sakaparêngipun (= patikêlir).

b: Sumôngga.

a: Kaparêng ngunjuk punapa.

b: Konyak kemawon dhi kula.

Kula mangke kemawon, ingkang sayogi sapunika toya wlandi.

Mawi mongka-mangke, ingkang dipun êntosi punapa, pun Gambyong sampun cêpak, konyak kaladosan, toya wlandi inggih kaladosan.

Sumôngga, inggih. Wis sinoman, isènana konyak bae kabèh.

Nun inggih.

Gambyong, coba wiwitana anjogèd dhisik, tak sawange tênagamu, yèn rupamu wis nyukupi marang kabutuhan.

Inggih sandika.

Kangmas punapa badhe pados bêtah, mawi ngandika makatên, mênawi anu kula ingkang mabênakên dhatêng pun Gambyong, sarêmanipun botên kathah.

Kula môngsa pitadosa dhatêng sampeyan adhi, môngsa sandea sampeyan bathi, [ba...]

--- 155 ---

[...thi,] botên, tarkadhang babonipun malah sampeyan agêm rumiyin.

O, punika botên kangmas, kathah ajrihan kula upami wanuh wania dhatêng tiyang sêpuh, anglangkahi sêsêngkêran badhe manggih dosa agêng mênggahing Pangeran.

Mila saking rumêksa kula dhatêng tiyang nèm, sampun ngantos anandhang dosa agêng wau, sampeyan saèstu botên kula andêl, pilalah kula lampahi piyambak, sanadyan nyêngkrèk sarêmanipun, rak ya mêngkono ta Byong (verk v. Gambyong) iku upamane.

Ana bae dara bèi iki, tur ora, kula ina mênawi panjênêngan kadugi bêdhah bètèng ing pingit.

Apa durung tau bêdhah ta, dening panêmpuhing ripu dibya.

Sampun kêrêp, ananging sakêdhap sagêd wêtah paripurna santosa kados waunipun, kadugi nyêmbadani pangamuking prajurit wirotama kados panjênêngan sampeyan.

Wis, wis, aku sing kalah, saiki ngadêga bae, apa gêndhinge.

Gambirsawit (lajêng wiwit anjogèd nêlasakên tênaga, sarta sindhèn anganyut-anyut [anganyut-a...]

--- 156 ---

[...nyut] manah adamêl gambiranipun para tamu, gêndhing suwuk).

Sapunika Gambirsawit sampun suwuk, prayogi lajêng bêksan, panjênêngan sampeyan ingkang ngrumiyini bêksa. Mrenea Byong ladèkna sondhèrmu.

Nun inggih.

Kula mangke kemawon dhi, sampeyan saosakên kangmas Ngabèi Biyêng.

Lêrês kula sêpuh, ananging kula rak kawon sêpuh ing damêl kalihan adhi Ngabèi Dhêlong.

Sampun ta, kêdah panjênêngan sampeyan ingkang bêksa rumiyin, punapa gêndhingipun.

Ingkang gampil-gampil kemawon, ladrang Manis (angulungi tombok saringgit dhatêng pun Gambyong mêndhêt saking ing kandhutan, ing jaman sapunika botên, priyantun lingsêm angandhut yatra).

Kônca niyaga, ladrang Manis (kalihan ambanting anggris wontên ing beri ingkang kalambaran bokor, crong, amurih kasumêrêpan utawi kêmirêng ing kathah, lajêng wiwit bêksa, angsal sagongan dipun arihi dhatêng Mas Ngabèi Jayapakiringan, kalihan Radèn Ngabèi [Nga...]

--- 157 ---

[...bèi] Suramuninggar (Panigar) sakalangkung gobyog mawi kêplok sarta surak ambal-ambalan. Sarêng larih sampun rambah kaping sakawan, suwuk.

Sapunika ingkang kadhawahan urak saèstu panjênêngan sampeyan. Mrenea Byong sondhère saosna kangmas Ngabèi Biyêng, karo nyuwuna dhawuh apa pundhutane.

Nun inggih, punika sondhèripun, dara bèi, punapa ingkang kapundhut.

Unèkna Sêkar Gadhung bae (kalayan angulungakên tombok).

Nun inggih, kônca niyaga, Sêkar Gadhung (kalihan ambanting anggris) (lajêng wiwit bêksa ingkang kaping kalih, sarta larih agêgêntosan, makatên ing salajêngipun gêntos bêksa urut sêpuhing damêl, ngantos dumugi pukul sakawan enjing sawêk bibaran, wilujêng botên wontên pasulayan, para tamu lajêng sami kondur sowang-sowang, raharja ingkang pinanggih).

__________

Radèn Ngantèn, a: Bok Jagakarsa.

Jagakarsa, b: Kula.

--- 158 ---

a: Ing ngêndi bakal olèhmu mirantèni ênggon pasunatan, kang kiwa.

b: Kajawi saking karsa sampeyan, ingkang prayogi namung ing kamar gadri (galerij) wetan, papanipun jêmbar, padhang dening candhela kaca, tur kiwa adhakan, cêlak saking dalêm.

a: Iya, aku wis mrayogakake, banjur rêsikana nuli gêlarana lampit dhisik sajêmbaring kamar, ing têngah gêlarana klasa pasir, banjur tumpangana babut, nuli isarating sunat godhong kluwih, godhong apa-apa, godhong kara, dhadhap srêp lan alang-alang tumpangana klasa bôngka, banjur plèmèke tundha sanga, lètrèk 1, kêmbangan 3 (sindur bangun tulak mayang sêkar), sêmbagi rupa 2, slendhang lurik yuyu sêkandhang 1, liwatan 1, jarik lurik tuluh watu 1, jarik bathik sidaluhur utawa sidamukti 1 ana ing dhuwur dhewe, gunggung wis ganêp tundha 9, sajène gêdhang ayu suruh ayu, gambir wutuhan sarta jambe tangan (sêga sagagangipun) bêras sakati, gula krambil satangkêb, tindhihe dhuwit suwang saprapat.

(ing wanci enjing bibar nayuban, pandhapa sampun dipun rêsiki sarta dipun tata kados waunipun, adamêl rêsêping paningal,

--- 159 ---

makatên ugi ing dalêm sampun dipun gêlari babut, Radèn Ngabèi Tangkilan sampun sumingkir dhatêng ing langgar, botên kenging manggihi tamu èstri, gôngsa têrus mungêl angrangin, nanging botên dipun sindhèni ing ringgit, wiwit pukul sanga tamu èstri sêpuh anèm dhatêng andalidir mêdal ing têngah pandhapa saabdinipun gumrudug, sami angadi busana, ing dalêm sampun kathah tamu, ing kajogan bêntêt para abdi).

Radèn Ngantèn, a: Sumôngga eyang, lênggah kidul.

Tamu, b: Wis kene bae.

a: Ibu ngèrèk cêlak eyang.

b: Iya.

a: Bok ayu bok lênggah majêng.

b: Inggih.

a: Dhi, sampeyan cêlak kula ngriki ta.

b: Sampun.

a: Kula nuwun eyang, kula nyuwun barkah pandonga dalêm, mugi kaparêng mêngku wayah dalêm pun gêndhuk, kasawabana laki namung sapisan, angsal priyantun bagus warninipun, alus budinipun, drêman anak abêbranahan, sugih anak putu, panjang umuripun, sarta kasarasan, tinênggan ing bêgja salami-laminipun, kados panjênêngan dalêm.

--- 160 ---

b: Iya ta, ndhuk, mêngko tak pangkune. Aku iki sok gumun sing padha ngalap barkah marang aku, ngarani bêgja, rumasaku dhewe ora mêngkono, sing nyata bae laki sapisan, sugih anak putu malah wis bêbuyut lima, dening umurku dawa wis 82 taun lumaku sarta kuwarasan, nanging ora sugih ora singgih.

a: Dados suwargi eyang Mênggung punika botên sugih botên singgih.

b: Mêngko ta, kandhaku durung tutug, olèhku eyangmu iku aku lagi ngumur 15 taun, eyangmu yuswa 18 taun isih magang ana ing karaton, dadi langên taya, dhasar bagus wêrnine, nganti dadi kondhanging kidung, yèn bêksa dhadhap akèh wong wadon sing kedanan.

a: Eyang punapa inggih kedanan.

b: Môngsa. Nanging galihe eyangamu iku tani ora kagungan rêmênan, olèh aku nganti patutan 18, ora tahu ngiwa, tak aturi mundhut ampil ora karsa.

a: Punika kula maibên eyang, bokmênawi anggènipun botên karsa mundhut ampil [ampi...]

--- 161 ---

[...l] punika, ing bêbasan: dipun culakên sirahipun, dipun gondhèli buntutipun.

b: Ora ndhuk, têmênan, wong wis anak-anak wolulas arêp apa manèh, apa dadak duwe kêpanasan mungguhing maru.

a: Tiyang dèrèng nglampahi eyang, beda kalihan kula punika kêdah ngêpruk kemawon dhatêng sêliripun wayah dalêm, rumaos kula saparipolahipun namung amêmanas-manas nangèkakên napasipun tiyang kèndêl.

b: Aja mêngkono ta, iku ora bêcik, wong gêdhe kang bisa among maru iku misuwur bêcik asmane, mangkono uga bojoning priyayi panèwu mantri prayoga tulada marang lêlabuhan bêcik mau.

a: Inggih nuwun eyang, kabula pangandika dalêm punika, kula sagêd anglampahi.

b: Tak tutugake kandhaku mau, ênggonku selak ora sugih ora singgih amarga olèhkuolèhku antuk. eyangamu iku kêna ingaran laran-laran, wus padha tininggal ing bapa biyung, para nyai olèh panakawan, awit aku sasedane rama ibu banjur mara nyai ana ngarsa dalêm eyang Gusti Kangjêng Ratu Agêng, dhaupku lan eyangamu awit saka karsa dalêm, ditrimakake, banjur padha anglakoni [a...]

--- 162 ---

[...nglakoni] lara lapa, awit eyangmu iku putrane wuragil bapak mênggung wijil saka garwa nom, dadi ora ginadhang anggêntèni kalênggahane. Lawan-lawan katarima pasuwitane winisudha dadi mantri anom, kaparingan jênêng Radèn Ngabèi Kartapati, banjur piniji nglurug pêrang, kartaning jaman winisudha dadi kaliwon pangrêmbe desa nama Radèn Ngabèi Surapati, wusana winisudha manèh dadi bupati môncanagara nama Radèn Tumênggung Sujanapura lêstari nganti seda, digêntèni marang anakku pambarêp, jênêng nunggak sêmi, aku banjur mulih marang Surakarta ngêtutake anak-anaku lanang wadon kang padha dadi utawa karabi panèwu mantri, akèh kang isih kari ana ing kene, iku isih dadi ati bae.

a: Inggih punika eyang ingkang kula kapengini saking lara lapa wêkasan mulya, mila angsala sawab pandonga dalêm.

Punika sampun wanci eyang.

b: Dhukune apa wis têka.

a: Sampun saha sampun manggèn wontên ing pasunatan gêdhong gadri wetan.

b: Ayo ta, kabèh padha mrana, si ndhuk iku kanthinên.

Nun inggih sandika.

--- 163 ---

Mêngko ta aku dak linggih marêp mangidul ana satêngahing plèmèk, kene bantale kuwi tumpangna ing pangkonku. Wis ndhuk, sèndhèna ing pangkonku kene, olèhmu sèndhèn kêndhangakên, turona bae sing sumingi, sikilmu aja koslonjorake mêngkono, jingkrungna dadi bisa dadi kêndho, dhêngkule kiwa têngên jaganana. Dèn Ayu Saralathi kowe sing sugih anak kaya aku nutupana mripat saka buri, cik bèn kêtularan kowe.

Nun inggih, anak kula sawêk gangsal, dèrèng sapara tiganing wolulas, kados panjênêngan dalêm.

La iya, wong kowe isih nom, wis duwe anak lima, iku wis kawilang sugih, lawas-lawas bakal angungkuli aku.

Sampun botên ibu, punapa kenging dipun gêlak.

Iya ora, mung sasêlot-sêlote bae, anggêre tabêri. Êndi dhukune.

Nun kula.

Wis ta nuli sunatana.

Nuwun inggih sandika.

Kowe wis sudhia kunir lan kapuk.

--- 164 ---

Nuli laira rojingun§ verk. v. innalillaahi wa inna ilaihi rojingun, maknanipun: kawula punika kagunganipun ing Allah, saha kawula punika badhe wangsul dhatêng Allah. kêsupèn dara.

Tanpa kunir lan kapuk, kalêntike arêp kolandhêsi karo apa.

Mila kula matur kêsupèn. Punika kula sampun mêndhêt.

Kowe nganggo lading apa.

Gapit alit dara.

Wis koasah landhêp.

Sampun.

Wis ta dialon. Ora apa-apa ndhuk, aja andharêdhêg, mung dipêthêt pucuke sathithik, rasane mung kaya dicakot ing sêmut gêni bae. olèhmu nutupi mripat aja sêru-sêru, mung anggang-anggangên bae. Lah saiki wis ilang sêsukêre manjing agamane Islam, manut Dèwi Pêrtimah. Bokmas Dhawuk, putumu pondhongên mênyang jamban, alon, ayo padha didusi banyu kêmbang sataman, mrana.

Inggih sandika.

Bok Wagaprana.

Kula dara.

Pêthêtane kalêntik apa wis kocêmplungake [kocêmplunga...]

--- 165 ---

[...ke] ing cuwo banyu kêmbang sêtaman, dalah kunir lan kapuke kang ginawe langgênan.

Sampun dara.

Iku labuhên mênyang ing bêngawan saiki, pasrahna wong desa bae sing gênah.

Inggih sandika.

Wis kodusi iki mau.

Sampun ibu.

Wis ta, pondhongên manèh banjur jujugna ing ngarêp kobongan arêp didandani, lan mung anggonana pasatan sêmbagi bae.

(Radèn Rara Suwarni lajêng dipun dandosi mangangge sinjang lêmês, sarta mangangge sêsotya gêlang kalung sarta cundhuk mêntul, sêrat intên, punapadene slepe, para tamu lajêng sami dhahar kêmbul wontên ing dalêm, bibar dhahar lajêng kasukan thothit sarta kowah, kaladosan wedang tèh panggêngan sarta nyamikan kuwih-kuwih tuwin manisan, pukul sakawan bibaran, kondur sowang-sowang raharja ingkang pinanggih).

--- 166 ---

Pasah.

Radèn Ngantèn, a: Pun ndhuk niku benjing Lêgi yèn parêng badhe kula pasahake.

Tangkilan, b: Isih kêcilikên ibune, lagi pira ta umure.

a: Tiga wêlas malampah niki, taune Be, Be, Be wolu, Wawu, Jimakir, Alip, Ehe, Jimawal, gangsal, 8 + 5 = 13 jangkêp ngumur tiga wêlas taun malampah.

b: Hê êh, nanging laire si ndhuk rak ana Be akir, sasi Bêsar bubar Grêbêg lêt sadina, saiki taun Jimawal, nanging lagi sasi Sura, dadi ngumure si ndhuk lagi 12 taun punjul sêsasi.

a: Sêmontêna nika lare èstri pêrlu kêdah dipasahi, sanadyan ming sarat, sok ugi êmpun kêlampahan, ampun ngantos krumiyinan sari, awit botên kirang lare èstri sawêk ngumur 12 taun êmpun anggarapsari.

b: Iya ta, prayoga pasahna, besuk Lêgi ngundanga tukang masahi, nanging mung gawenên sarat bae.

a: Lasar ênggih ming didamêl sarat mawon, benjing [be...]

--- 167 ---

[...njing] lakine dipingkalihake pasah mêlih utawi lintu tatah napa sasênênge larene. Kalihdene mêlih beda kalih lare jalêr, kenging kasèp, botên kêsêsa dipasahi, pun thole benjing yèn êmpun umur 18 taun utawi ngajêngake rabine mawon dipasahake, utawi ditatahake pindhah, napa sasênênge larene.

b: Iya ta, aku mung nurut bae.

__________

Dèn Ngantèn, a: Bok Jagakarsa.

Jagakarsa, b: Kula.

a: Kowe tak kongkon mênyang bêjinggan (= pajênggan) kêtêmua bok Dênta Winangun, sesuk wayah jam 10 esuk dak undang mrene, warahên yèn tak kon masahi putune Dèn Lara Suwarni, dipêrlokna.

Jagakarsa, a: Inggih sandika (lajêng lumampah sampun dumugi ing bêjinggan) amit bok.

Dêntawinangun, b: Lo dêngarèn (verk. v. kadingarèn) awan-awan têka, napa ontên gawene.

a: Ênggih ontên.

b: Mang linggih salu gandhok ngrika ta dhisik, kula tutukne lèh kula mipis jamu niki. Èntên gawene napa.

a: Lampah kula diutus Dara Dèn Ngantèn Bèi

--- 168 ---

Tangkilan, benjing-enjing wanci jam 10 enjing samang = mang (verk. v. sampeyan) ditimbali mrika, dikakake masahi kêng wayah Dèn Lara Suwarni.

b: Napa sesuk dinane Lêgi ta.

a: Ênggih, dintên Sênèn Lêgi tanggal ping 15.

b: Kêbênêranane. Inggih ta, dika matur sandika, kula ditimbali.

a: Êmpun bok ayu kula mang lilani.

b: Ênggih.

__________

Dèn Ngantèn, a: Bok Jagakarsa.

Jagakarsa, b: Kula.

a: Mêngko sadhela bok Dêntawinangun têka, panggonan pamasahan tatanên, ana ing gêdhong gadri (galerij) wetan bae, gêlarana lampit, banjur klasa pasir, ora susah nganggo babut, banjur tumpangana klasa bôngka, banjur plèmèk sungsun sanga sarta sajèn kaya adat, gêdhang ayu suruh ayu enz. (zie sunatan) lan jupuka singêbe daramu kang luwas bae, dodot ngrèni bathikaku kae, mêngko ginawe ngêmuli dèn lara.

b: Inggih sandika.

Radèn Ngantèn, a: Mrenea bae bok Dêntawinangun.

Dêntawinangun, b: Inggih.

--- 169 ---

a: Kok nganti awan lagi têka.

b: Dèrèng pukul sadasa dara.

a: Apa iya.

b: Inggih. Thèng, thèng, lah punika sawêk mungêl.

a: Kowe mau apa wis miranti.

b: Sampun.

a: Putumu dèn lara pasahana, nanging mung ginawe sarat bae, aja kongsi kadhisikan sari, mapak siyung utawi pucuking untu, besuk yèn slamêt lakine bae dipindhokake manèh, yèn isih kowe kang garap, pêngên.

b: Inggih sandika.

a: Ayo ta, mênyang gêdhong gadri wetan kana.

b: Sumôngga. Kaparingakên bantalipun, môngga dèn lara kula aturi sarean ing pangkon kula ngriki, kirang lêrês, sampun punika kajêng dhadhap srêp sampeyan lathi (= cakot) ing êbam (pucuking siyung sarta untu kakêthok ing tatah sakêdhik, mawi gandhèn alit, lajêng kagosok ing wungkal) sampun gèr, sampun brêgas.

a: Apa wis rata bok.

b: Sampun dara, môngga kula aturi mriksani.

--- 170 ---

a: Iya wis kabênêran, mamahana bêras kêncur ndhuk, lan aja banjur kolêpèh, mutên bae dhisik, cik bèn mari anjarêm.

b: Kula nuwun dara, kula lajêng kêlilan mundur.

a: Iya bok, ênya gilo dak sangoni saringgit.

b: Inggih nuwun dara.

a: Sajèn lan lèmèke iku gawanên kabèh, dadia sidhêkahku aja ana kara-kara, mung dodote bae aja (yèn putra dalêm utawi putranipun para gusti, tuwin para agung, singêp inggih kaparingakên, dados panunggilanipun lèmèk).

b: Inggih nuwun.

--- 171 ---

Santri Panaraga.

Tangkilan, a: Ibune, aku iki arêp caturan karo kowe, nanging aja dadi sêling surupe atimu.

Radèn Ngantèn, b: Cantênan napa.

a: Aku lan kowe iki rupane kaya wis tinakdir ing Pangeran Ingkang Maha Agung, yèn ora sugih anak, tandhane anakmu si ndhuk nganti prawan durung bisa duwe adhi.

b: SadasaKadosa. kêpripun yèn êmpun takdire kêjawi ming narimah, gadhah anak kalih êmpun jangkêp jalêr èstri botên cacad, sing jalêr bagus, sing èstri ayu, badhe pados napa mêlih sok ugi lêstantun ginanjar wilujêng, kula êmpun narimah.

a: Karêpku iki iya mêngkono narima paringing Allah, duwe anak loro lanang wadon bêcik-bêcik rupane, nanging yèn bodho gèk kêpriye, môngka bodhone iku mung dene saka pakarti pangênjong-ênjongmu, wiwit cilik kongsi tumêka gêdhe ora ana suda-sudamu, sabên aku elik-elik, kowe banjur kêrèh-kêrèh ora

--- 172 ---

awèh, yèn dak banjurake salin babah dadi padu karo kowe, sarèhning anak sapala aku mung ngalah.

b: Lare jalêr sawêg ngumur 12 taun, lare èstri sawêg ngumur 10 taun badhe mang pêksa sagêd napa, pun thole ênggih êmpun ngaos.

a: Apa wis katam ta.

b: Ênggih dèrèng.

a: Katam manèh katama, bisa ngunèkake cêtha bae rak durung, amarga pijêr kêtungkul marang kabungahan, wiwit cilik dhêmên dolanan bênthik (1) tor (2) utawa bengkat (3) barêng rada gêdhe salin cirak (4) utawa pak-pakan (5) mawa totohan kêmiri banjur ngadu kêmiri (6) ngadu kêcik (7) mawa totohan dhuwit, wusana kêlantur kopyok (8) pêthekan ombak bèji (9) pasang gimêr (10) sarta picak mêlèk (11) kabèh iku luput saka kowe dening pangugungmu, sabên jaluk dhuwit kowèhi, maune narima sathithik lawas-lawas jaluk akèh, yèn ora kowèhi wani nêpsu.

b: La, kadospundi ta, kêrsa sampeyan, kula êmpun rumaos lêpat, saniki môngsa boronga sampeyan.

--- 173 ---

a: Karêpku si thole saiku arêp dak parakake mênyang pasantrèn Panaraga, kowe dieklas, lawase têlung taun, yèn slamêt ulihe saka Panaraga banjur dak têtakake sarta banjur dak lêbokake dadi panakawan marang karaton.

b: Anua nika kok têbih timên (= têmên) lan lami timên ngantos tigang taun, bok dipadosake sing radi cêlak-cêlak kemawon, kenginga dituwèni.

a: Wo, wis ora kadadeyan manèh, mênyang Panaraga iku purihe supaya adoh ora kêna ditiliki, jêbul golèk cêdhak sing kêna ditiliki, dadi padha bae karo sing wis, asile dilungakake apa yèn isih kêna ditiliki.

b: Ênggih êmpun ta, môngsa boronga sampeyan.

--- 174 ---

(1) Bênthik.

Bênthik punika dêling apus tutup ros, ing pucuk dipun bolong sakêdhik lajêng dipun isèni wêdhi sakêbakipun supados awrat, lajêng dipun sumpêli rapêt, mawi janak kajêng gilig alit, panjangipun sacêngkang.

Lare bênthik mawi kêkancan ingkang sami tandhingipun, agêng sami agêng, alit sami alit utawi babag agêng alitipun, kados ta: lare sadasa kapilihan ngalih-ngalih dados gangsal rakit, tumuntên adamêl salaka wêdhar, gangsal rakit wau pinalih dados gangsal sisih, inggih punika dados tandhinging mêmêngsahan, lajêng kaundhi, ingkang kadhawahan undhi Uthat rumiyin.

Uthat punika janak dipun sèlèhakên ing sêlanipun banon tugêlan jèjèr kalih, wiyaring gongganganipun namung sadêling ingkang kadamêl bênthik, tumuntên katimbang ingkang sami wawratipun kalihan pucuk bênthik ingkang dipun dèkèkakên ing ngandhapipun, bongkotipun dipun cêpêngi ing tangan kalih, lajêng kalawatakên kalihan bênthik wau dipun tampèni ing mêngsahipun, mênawi [mêna...]

--- 175 ---

[...wi] sagêd katampèn, pêjah, mênawi botên, bênthik kapasang kaalangakên wontên sakiwaning banon, katuju ing janak, ingkang nuju nêdha kagonggang utawi karapêtakên kalihan banon, punapa sasênêngipun, mênawi panujunipun kenging, mêngsahipun lajêng uthat malih gêntos-gêntos ngantos kaping gangsal, nanging mênawi panampi sarta panujunipun lêpat, pêjah, mêngsahipun lajêng wiwit odor, ambucal janak têbihipun kakintên sampun ngantos kenging dipun lumpati, lajêng dipun talorong ing bênthik, kentasing janak malês utawi gumulunging bênthik pundi ingkang têbih punika pinilih dados watêsipun odor ingkang kaping kalih, ngantos pêjah lêpat panujunipun, dipun gêntosi odoring kancanipun agêntos-gêntos dumugi odor ingkang kaping gangsal, nanging mênawi anggènipun ambucal janak kacêlakên, kenging dipun lumpati, nama dipun cèngi, mawi dipun ayati lumajêng saking katêbihan, dumugi ing watês mancad siti kasêrokakên bablas lumpatipun, mênawi dumugi watês sisihipun, pêjah, mênawi cupêt, taksih gêsang sarta lajêng odor malih, mila lare bênthik ngantos têbih purugipun. Wangsulipun dhatêng panggenan, ingkang mênang dipun gendhong dhatêng

--- 176 ---

ingkang kawon ilonipun sakawit piyambak-piyambak ingkang babag agêng alitipun, inggih punika ingkang minôngka toh, tumuntên ingkang kawon gêntos ambucal janak agêgêntosan, mênawi panampi sarta panujuning janak mêngsahipun lêpat, lajêng odor, nanging mênawi tansah kenging, gêntos ambucal janak, makatên salajêngipun, pundi ingkang baud utawi bêgja, mênang, kêrêp dipun gendhong.

(2) Tor.

Tor punika dolananing lare, banon tugêlan kapasang dipun tuju saking pêntasan kalihan sela lètèr sacêkaping tangan mangang, nanging botên kagêngên utawi kalitên, mênawi panujunipun kenging nama tor, nanging mênawi katuju malih dhatêng mêngsahipun, kenging, baul, wangsul mêntas malih, sarta bilih kenging gaconipun nama kutis, inggih ugi wangsul mêntas malih, nanging ingkang botên dipun kutisakên botên kenging wangsul, mênawi panujunipun botên kenging, namung cêlak-cêlakan gaco saking toran kemawon, ingkang têbih piyambak kawon, dipun têdhani gendhong dhatêng mêngsahipun sadaya [sa...]

--- 177 ---

[...daya] agêntos-gêntos punika nama tor unyik kojur, ingkang mênang lajêng nêdha gendhong dhatêng ingkang kawon, sarta lajêng ambucal gaconing mêngsah saking sanginggiling gendhongan, sarana dipun kèn mêndhak, tangan saduwa kaangsalakên ing dhêngkul, sarta dipun kèn megos supados botên makèwêdi panujunipun, mawi dipun talèkakên, moh, arêp, mênawi moh, dipun tuju saking nginggil, mênawi kenging lajêng dipun gendhong dhumatêng panggenaning gaco, gaco kapêndhêt dipun ulungakên saking ngandhap, mêngsah taksih wontên nginggil gendhongan, kados numpak kapal, mênawi arêp, katuju saking ngandhap, mênawi kenging mêngsahipun dipun dhunakên, mênawi lêpat taksih dipun gendhong sarta mêngsahipun lajêng ambucal gaconing mêngsah malih, mênawi lêpat lajêng kaudhunakên, gêntos ingkang dèrèng dipun gendhong, makatên salajêngipun, ngatos satêlasing mêngsahipun, namung ingkang tor piyambak punika mawi dipun gendhong saking basangan dumugi ing pêntasan. Bilih kêkancan, mawi tandhingan agêng alitipun ing lare, saupami lare sadasa lajêng kadamêl salaka wêdhar, dados gangsal sisih, lajêng sami mêmêngsahan, sintên ingkang tor utawi gaconipun cêlak piyambak [piya...]

--- 178 ---

[...mbak] saking toran, punika ingkang mênang piyambak sakancanipun, patrapipun sami kemawon kalihan tor unyik kojur, namung beda sèlèhing panggendhongipun bilih kancanipun sampun pêjah sadaya (lêpat panujunipun).

(3) Bengkat.

Bengkat punika dolananing lare, ingkang dipun angge bendha dipun bengkatakên ing suku têngên ngiringan lêbêt sacêlaking jêmpolan, tungkat kajimpitakên rumiyin lajêng kagonjingakên mangandhap, angangkah kengingipun basangan§ spr. = pasangan. bendha ingkang kapasang miring, mênawi kenging nama umpuk, mênawi lêpat môngka bendhanipun gaco cêlak kalihan bendha basangan, yèn têbihipun 2 pêcak nama pandhik, yèn têbihipun namung sapêcak nama jugah, pandhik kabengkatakên dhatêng mêngsahipun supados têbih, nanging yèn jugah pêjah, gêntos mêntas, dene mênawi têbihing gaconipun langkung saking 2 pêcak, lajêng dipun angkahakên kengingipun basangan, nanging kêdah lampah kaping kalih, mawi wicantên: ji ji, lajêng wicantên malih: [ma...]

--- 179 ---

[...lih:] opak-apik, salêbêtipun mungêl ji ji, mêngsahipun mungêl pik ji pik san, pik gug ji gup bèh ri san, puk sèh yar sèh ri san (verk. v. pik ji = opak-apik siji, pik san = opak-apik sapisan, pik gug ji = opak-apik sigug siji, gug bèh = sigug kabèh, ri san = mari wisan, puk sèh = umpuk isèh, yar sèh = tayar isèh, ri san = mari wisan) utawi mungêl lur dhung kil wa yungan, gug bèh jêg tas sang we (verk. v. = lur dhung = ulur kêtundhung, kil wa yungan = sikil kiwa tayungan, gug bèh = sigug kabèh, jêge tas = sajêge mêntas, sang we = masang dhewe). Têgêsipun: pik ji enz mênawi anggènipun ji ji ngantos ngèngingi bendha ingkang kapasang, punika lajêng sigug sakancanipun sadaya, sigug punika suku kiwa dipun pênthalitakên ing suku têngên, pangambahing siti darijinipun dipun jinjitakên, adamêl kidhunging pangangkah kathah lêpatipun. Dene lur dhung enz ingkang tumindak suku kiwa, kosok wangsulipun ing nginggil, saya kangelan malih sarta saya kathah lêpatipun, mila salêbêtipun nuju mawi wicantên: ji, ji, jik, têgêsipun: mênawi panujunipun ngantos ngengingi ingkang dede lêrêsipun, nêdha pangapuntên, ngamungna [nga...]

--- 180 ---

[...mungna] sapisan punika kemawon, botên anglampahi kados wicantêning mêngsahipun wau, pundi ingkang wicantênipun rumiyin, punika ingkang dados, ji ji wau namung ngangkah cêlaking basangan dhawah wontên wingkingipun, mênawi sagêd nyamlêng, basangan bendha kajênthot supados sagêda kentas dhatêng ing pêntasan nama umpuk. Mênawi panujunipun lêpat sakancanipun sadaya, gêntos mêntas sarta gêntos basang, nanging mênawi gadhah umpuk 1, 2, 3 utawi langkung, kêdah katuju rumiyin, bendha basangan dipun tumpuk, lajêng dipun tuju ing tangan saking pêntasan, mênawi kenging ngantos mawut nama tayar, taksih anglajêngakên mêntas malih, mênawi lêpat saèstu pêjah, mila lare bengkat punika botên sagêd mêngsahan ijèn, kêjawi bilih ngrangkêp bendha, apêsipun kêdah mêngsahan lare kalih sami kalih.

(4) Cirak Ula.

Lare tiga utawi sakawan sami ambasang kêmiri ngalih utawi niga lêt satêbah-têbah kapanjangakên pinindha sawêr, ingkang ngajêng piyambak kaenthokakên minôngka sirah, lajêng katuju saking ing pêntasan mawi kaundhi ingkang kêdah nuju rumiyin, sarta mawi wicantên: dhas tèk, lutèk [lu...]

--- 181 ---

[...tèk] (verk. v. êndhas êntèk, gulu êntèk) têgêsipun bilih panujunipun angsal sirah utawi gulu, sapangandhap kadarbe sadaya, ananging sanadyan namung angsal dhadha utawi sanèsipun sapangandhap, inggih ugi kadarbe sadaya, dene bilih cupêt botên dumugi watêsing batangan, nama jedok, wangsul panujunipun, nanging dhawah kantun piyambak, bilih panujunipun saking pêntasan wau lêpat sadaya, punika gaconipun ingkang têbih piyambak saking basangan, ingkang nuju rumiyin ambalik saking wingking, lajêng sor-soranipun, makatên sapiturutipun. Ananging gaconipun ingkang cêlak saking basangan bilih badhe nuju rumiyin inggih kenging, nama amèk, punika ngalih panggenan anyêpuhi ingkang têbih piyambak, bilih panujunipun lêpat sadaya, utawi nyikal botên sagêd têlas, punika wangsul dipun tuju saking pêntasan malih, nanging mawi amêwahi wudhu ngalih ngalih malih, mila asring ngantos dados panjang dening botên kenging dipun tuju.

(4) a. Cirak wok.

Saking pêntasan anuju wokan, kalihan [kaliha...]

--- 182 ---

[...n] gaco kêmiri (kêmiri kaasap dhadhanipun) ngangkah malêbêt utawi nyêlaki wokan supados dados raja, sintên gaconipun ingkang malêbêt ing wokan, dados raja, ananging mênawi kêsusul, kawon, ingkang dados raja ingkang malêbêt kantun, makatên sapiturutipun, punika ingkang ngêbyuk rumiyin, tumuntên sor-soranipun ugi sapiturutipun, samantên punika bilih kêmiri ingkang dipun byukakên ing wokan wau botên sagêd malêbêt sadaya, sarta panujunipun dhatêng salah satunggalipun kêmiri ingkang dipun byukakên saking pamilihing mêngsahipun, dipun tuju kalihan gaconipun lêpat, bilih sagêd malêbêt sadaya utawi panujunipun kenging, sor-soranipun botên uman, lajêng sami mêntas bamban malih.

(5) Pak-pakan.

Pak-pakan punika sami kalihan gathèt ganêp, kêmiri dipun dyukakên ing wokan, saking watêsan sacanglunging lare, bilih kêmirinipun sakêdhik, murih kamplungipun ing wokan sadaya, bilih kathah namung murih jangkêpipun kemawon mênang, mênawi gathet kawon, kados ta kêmiri 2, 4, 6, 8, sapiturutipun [sapituru...]

--- 183 ---

[...tipun] sacêkaping tangan satunggal, punika mênang kawonipun enggal kemawon tinimbang kalihan cirak ula utawi wok.

(6) Ngadu Kêmiri.

Ngabên kêmiri punika wontên wêrni kalih, kêmiri pidak akalihan kêmiri sambêl. Kêmiri pidak dipun palèpèt ugi nama kêbuk, lajêng dipun gêbag ing kênul, punika kasukanipun tiyang sêpuh, totohanipun rupiyahan. Kêmiri sambêl dipun sabêtakên ing tangan, gêntos nyabêt, pundi ingkang pêjah kawon, punika kasukaning lare, totohanipun namung dhuwitan.

(7) Ngadu Kêcik.

Ngabên kêcik punika inggih wontên warni kalih, garing akalihan têlês. 1. Kêcik garing dipun pe murih atos sarta wontên ingkang dipun olah (kagodhog kalihan gêndhis nama gulan) tuwin dipun gala (ing lêbêt dipun isèni jabung tuwin sanèsipun nama galan) ananging punika awisan bilih konangan dipun dhèdhèli panganggènipun utawi dipun taboki sirahipun, sarta dipun kawonakên [ka...]

--- 184 ---

[...wonakên] totohanipun, sanadyan kêcikipun mênang, punika kasukanipun tiyang sêpuh, pangabênipun sarana palèpèt, ugi nama kêbuk, lajêng dipun gêbag ing kênul, totohanipun rupiyahan. 2. Kêcik têlês dipun palèpèt ing wilah, pucukipun kiwa têngên dipun cêpêngi tangan, dipun têbak kalihan èpèk-èpèk, punika kasukaning lare, totohanipun namung dhuwitan kemawon. Mênggah kêcik ikang dipun abên wau kêdah kêcik lèmèt.

(8) Kopyok.

Kopyok punika ingkang rumiyin adamêl garitan kados aksara Walandi H garit têngah katuju ing yatra dhuwitan milih ingkang kandêl kangge gaco, sintên ingkang cêlak piyambak kalihan garitan têngah wau dados raja umbul rumiyin (panujunipun garitan kaangkah langkah dipun cêngkigakên mundur) pintên kathahing yatra wudhu ingkang kajanjèkakên lajêng dipun kopyok wontên salêbêting tangan kalih lajêng kaumbulakên dhawah ing siti, ingkang malumah utawi pêthak dados gadhahanipun raja (ingkang umbul rumiyin) ingkang mangkurêb utawi abrit kaumbul malih dhatêng patih,

--- 185 ---

lajêng unyik, wangsul dhatêng raja malih ngantos arta ingkang kaumbulakên wau dados pêthak sadaya. Saupami umbuling raja sapisan dados pêthak sadaya, patih akalihan unyik sampun botên uman umbul.

(9) Ombak Bèji (niet Bèji).

Pêthekan ombak bèji punika kasukaning lare, arta dhuwitan dipun tutupi sami arta dhuwitan, namung katitik saking ngiringan kandêl tipising arta kemawon, warnining arta 5 kapêthèk 2, dados tandhing gangsal wêlasan, ewadene lare ingkang baud sagêd pratitis pamêthèkipun, arta ingkang kadamêl pêthekan gangsal warni punika kados ing ngandhap punika: 1. Ombak. 2. Bèji. 3. Kêpêt. 4. Asu 5. Jaran (Surabaya ondhal-andhil, traju, kate enz) kalêbêt ing jaran sadaya, arta ingkang kadamêl mêthèk dipun gêgêm ing tangan têngên sarwi ambikak arta ingkang dipun tutupi, bilih sagêd kêcandhak, arta ingkang dipun gêgêm dipun [di...]

--- 186 ---

[...pun] dêdahakên, bilih botên kacandhak inggih botên, totohanipun botên kathah, sadhuwit sagobang, dumugi suwang.

(10) Gimêr.

Gimêr punika pakartining botoh angêmat tiyang dening kasagêdanipun adamêl sakajêngipun.

Arta ombak satunggal dipun wungkal sarta dipun wuluh lingiripun supados alus sangêt, lumahipun dipun ênjêti, supados têtela lumah kurêbipun, punika totohanipun agêng-agêngan ngantos rupiyahan, arta dipun ubêngakên wontên ing balabak alus panjang, lajêng dipun tutupi ing bathok, kalayan dipun kagètakên ngantos nyuwara sêru prog. Têtiyang ingkang mêthèk sami kèndêl tanpa sabawa mirêngakên dêling ubêngipun yatra, punika ingkang dados panêngêran lumah kurêbipun, lajêng sami mêthèk wontên ing balabag. Balabag punika ing têngah dipun corèk mujur minôngka watêsipun tiyang ingkang mêthèk, ing kiwa abrit, ing têngên pêthak, ingkang pêthèkipun kawadi inggih wontên, kenging dipun sèlèhakên saênggèn-ênggèn, punika

--- 187 ---

yatranipun ingkang kadamêl mêthèk ingkang ngandhap piyambak katutupan, dhuwitan sami dhuwitan, lajêng katumpangan arta pêthak sakajêngipun, nanging pasangipun kawalik, pasang abrit dados abrit malah pêjah, nanging pasang abrit dados pêthak, punika ingkang gêsang mênang totohanipun, makatên ugi kosok wangsulipun bilih mêthèk pêthak. Ingkang ambikak bandaripun, botên kenging kabikak ingkang mêthèk, ingkang dipun kawekani mênawi dipun walik, pancèn kawon dados mênang. Punika mawi cucuk suwangipun sadhuwit, saupami têtiyang pasang kêkalih gèsèh pêthèkipun, satunggal mêthèk abrit sarupiyah, satunggalipun mêthèk pêthak sarupiyah, bandar namung ngabên banon angligêrakên kemawon, dados abrit nucuk sakêthip, dados pêthak inggih nucuk sakêthip.

(11) Picak Mêlèk.

Picak mêlèk punika pakartining botoh angêmot tiyang dening kasagêdanipun sagêd adamêl sakajêngipun, kadosdene gimêr.

Arta ombak kêkalih limahipun dipun ênjêti, lajêng nama abang putih, kurêbipun:

--- 188 ---

abang, lumahipun putih, punika dipun ubêngakên kalih pisan kalihan tangan wontên ing pirantos kajêng kadamêl lêkok sawatawis, lajêng dipun tutupi bathok, ingkang mêthèk warni tiga picak mêlèk, picak abang satunggal, putih satunggal, tandhingipun bae, mêthèk sadhuwit angsal sadhuwit. Mêlèk abang (abang sadaya) putih (putih sadaya) } bayaranipun apitan, bayaranipun apitan, mêthèk sadhuwit angsal sagobang.

Ananging kasukan picak mêlèk wau totohanipun botên patos kathah, ingkang kathah rêmên mêthèk namung lare-lare.

--- 189 ---

Sukêran.

Radèn Ngantèn, a: Lo ndhuk bokongmu katon têlês-têlês kowe kêna ngapa, apa nglinggihi banyu. O la sukêr ndhuk kowe, wis prawan têmênanane. Kathik nangis bocah apa kuwe, ta wis mênyanga gadri wetan bae. Bapakne dèn bagus.

Tangkilan, b: AnuAna. apa pêtrèk-pêtrèk ngundang wong kuwe.

a: Pun ndhuk anggarapsari, lajêng nangis têng gadri wetan.

b: Wah, wis duwe prawan têmênan aku. Olèhe ngêdusi besuk kapan.

a: Yèn êmpun pitung dintên kenging didusi.

b: La sajrone pitung dina apa ora adus.

a: Botên, mung dilulur sarta diparêmi mawon, sêratan ênggih botên kenging.

b: Saiba risine ibune, wong ora rêrêsik awak ing dalêm pitung dina.

a: La wong pun dados carane kêpripun.

b: Iya ta, mêsthine mono iya dilakoni. [dila...]

--- 190 ---

[...koni.] Karêpmu kêpriye apa dirowa apa diringkês bae.

a: Pamanah kula mung dipêndhêt pêrlune mawon, ngaturi para sêpuh sing badhe ngêdusi, botên susah mawi tamu kados dhèk sunate, ngengehane benjing yèn laki.

b: Sukur, aku mrayogakake karêpmu iku, aku wis mungkur gangsir mung sudhiya suguh bae.

__________

Radèn Ngantèn, a: Bok Jagakarsa.

Jagakarsa, b: Kula.

a: Olèhmu ulêm-ulêm apa wis rata.

b: Pangraos kula kados sampun waradin sadaya dara. Eyang-eyang, ibu-ibu sarta bok ayu-bok ayu ijêngandika, tuwin rayi-rayi sampeyan botên wontên ingkang kêlangkungan, badhe sami andhanganakên rawuh.

a: Sukur yèn wis rata mono. Saiki gawea lôndha mêrang lan banyu asêm kawak, dokokana jêruk purut lan pandhan wangi rajangên sing lêmbut, apadene kêmbang sing wangi-wangi, lan ing kulah dokokana kêmbang sataman, kutug aja lali.

b: Inggih sandika.

--- 191 ---

a: Ing gêdhong wetan sudhiyanana brêsihan lan ratus.

b: Punapa botên mawi sudhiyan sêkar ukêl sarta lisah wangi.

a: Anèh kowe kuwi, prawan dianggoni kêmbang tuwin wangi-wangi, apa sudhiyan pangantèn nganggo mêngkono.

b: E, inggih dhik, kula kêsupèn.

a: Nuli ing dalêm gêlarana klasa pasir blêg, ing têngah tumpangana babut.

(enjingipun malih wanci jam 10 para tamu putri wiwit dhatêng, lajêng satata lênggah wontên ing griya, para sêpuh wontên ing ngajêng kobong, kasambêtan para nèm kupêng, sarêng wanci jam 11 siyang bidhal dhatêng ing pasêngkêran gêdhong gadri wetan, mêthuk Radèn Lara Suwarni, lajêng kabêkta ing jamban, dipun kramasi, lajêng adus sêkar sataman ing kulah, sarêng sampun dumugi wangsul dhatêng ing pasêngkêran malih, rambut taksih têlês ingore, sarêng sampun radi garing, lajêng dipun ratus, tumuntên dipun gêlung agêng, kaganjêl ing rajangan pandhan wangi, botên kenging mawi sêkar, ginôndawida ing burat wangi, tumuntên dipun tapihi ing sinjang lêmês, sabuk wala mawi pamêkak madya, rasukan sutra kabayak tanggung, mawi paniti sungsun tiga (= agêm-agêmanipun Gusti Kangjêng

--- 192 ---

Ratu) sêngkang urang ayu lômba, ali-ali bandhilan ing dariji manis sarta jênthikan kiwa, saha ulan-ulan ing panuduh têngên, nyangking kacu mawi kênarèn, lajêng dhatêng griya ngadhêp para tamu ingkang sami kasukan).

(Saantukipun Radèn Bagus Suwarna saking pondhok pasantrèn Panaraga, ical pugalipun, dados ambangun turut dhatêng tiyang sêpuh, lêmbah manah sarèh kêkajênganipun, têbih dhatêng lampah maksiyatan, kêncêng ngibadahipun, karêmênanipun marsudi kawruh praja, sadaya dipun sumêrêpi, kasok sihipun Radèn Ngabèi Tangkilan, dhasar anak jalêr namung satunggal, burus manahipun, kathah kasagêdanipun, Radèn Bagus Suwarna sampun ngumur 16 taun lumampah sampun wancinipun têtak).

Tangkilan, a: Jayanimpuna.

Jayanimpuna, b: Kula.

a: Besuk Rêbo Lêgi ngarêp iki aku sida duwe gawe nêtakake dèn bagus, lan anylamêti wêtone dèn ngantèn, tumbuk ngumur 33 taun, kowe sudhiyaa abon-abone wong arêp duwe gawe, piritane kaya dhèk sunatan lan dhèk tumbukku, nanging

--- 193 ---

saiki rada undhakên gêdhene tinimbang karo sing uwis.

b: Nun inggih sandika. Tamu kagalih badhe pintên kathahipun.

a: Biyèn elingku ulêm-ulêmku ming têlung puluh, saiki dak arah sèkêt.

b: Sok makatêna anggèn kula badhe sudhiya kula indhaki gangsal wêlasan tinimbang kalihan ingkang sampun, kados sampun dawêg.

a: Iya undhakana samono bae wis sêdhêngan.

b: Minuman punapa taksih kalêstantunakên mêndhêt dhatêng saudara ijêngandika Tuwan Serivan brongkos (= C. van Bronkhors).

a: Dhèk kowe ambalèkake turahan minuman, akèh rèwèle apa ora.

b: Botên, sae kemawon.

a: Pambayarmu nicil sabên pasokan nicil rong taun lagi pundhat, iku akèh pangrêsula lan nêpsune apa ora.

b: Kok inggih botên, sarta botên nate ngintunakên rèkêning, panagihipun namung angêntosi punapa ingkang sampun dados janji kula, gêgalihanipunpênggalihanipun. [gêgali...]

--- 194 ---

[...hanipun] pancèn sae saha sarèh.

a: Yèn mêngkono bêcik aja salin-salin lêngganan, nganti besuk yèn slamêt aku bisa mantu. Karodene manèh kowe ngundanga bong, bêcik sing isih talat tinimbang diblêjog, yèn nuju barêngan, môngka mênang dhisik pangundange, iku bakal ditêkani dhisik, awit bong iku duwe planggêran, sapa sing ngundang dhisik, iya bakal ditêkani dhisik. Wis ta, nuli tindakna têtukone, lan Si Sastraubaya konên mrene.

b: Inggih sandika.

__________

Tangkilan, a: Tra (verk. v. Sastra).

Sastraubaya, b: Nun kula.

a: Aku gawèkna ulêm têtakan.

b: Nun inggih sandika, punapa saèstu benjing Rêbo Lêgi ngajêng punika.

a: Iya.

b: Pangandika sampeyan kala wingi supitan kalihan tingalanipun rayi sampeyan tumbuk yuswa 33 taun, pasamuwanipun badhe kasarêng.

a: Iya, nanging tumbukan iku mung kayadene nunut bae, dadi kêlêbu sunat, kang pêrlu têtakane, awit tumbukan iku mung jagongan para putri sawatara ana malêm Rêbo ngiras midadarèni têtakan.

--- 195 ---

b: Kulu nun, sok makatêna ulêmipun mawi sakalihan.

a: Ora, ulêm para putri ulême dèn ngantèn dhewe tumbukan, kêna ulêm ijoan bae, ulêm kakung ulêmku têtakan, kudu kamot ing layang.

b: Kula asring sumêrêp ulêm têtakan mawi sakalihan.

a: Iya anèh sing mêngkono, nanging sabênêre ora, ulêm têtakan mung ngaturi dhayoh lanang, kosok baline ulêm sunatan mung ngaturi dhayoh wadon, iku kêjaba akrab utawi mitra bêcik.

b: Sapunika karsa sampeyan kadospundi.

a: Bênêrên bae, aku ora ngaturi sakalihan.

b: Nun inggih sandika.

Sêrat saha ingkang ... Radèn Ngabèi Tangkilan, katur panjênênganipun ingkang ... Radèn Ngabèi ...

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula ngaturi uninga, mênawi sami ginanjar wilujêng ing sadayanipun, benjing ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir punika, kula badhe nêtakakên anak kula jalêr nama pun Suwarna.

Ingkang punika mênawi andadosakên dhanganing panggalih saha sêla [sê...]

--- 196 ---

[...la] padamêlan, benjing ing dintên Rêbo Lêgi wau wanci jam 6 enjing panjênêngan sampeyan kula aturi pinarak dhumatêng ing griya kula anguningani risipun, supados angsala barkah pangèstu wilujêng ing sapanginggilipun, saha mugi kaparênga angêntosi atur sugata kula sakawontênanipun, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrata ...

Radèn Ngabèi

a: Wis kêbênêran, mung sêsêbutaku radèn ngabèi, tulisên ngabèi bae, bêcik sing andhap asor.

b: Nun inggih sandika. Mênggah undha-usuking pakurmatan dening pêprênahan anèm sêpuh kadospundi.

a: Yèn kaprênah bapa pangabêkti, kakang taklim, adhi salam taklim, anak salam, sarta yèn mênyang wong tuwa nganggo têmbung saha, yèn mênyang wong ênom nganggo têmbung sarta, sarta nganggo têmbung katur panjênêngan ingkang ..., mung kang mênyang kêprênah anak putu lihên katur dhumatêng ingkang ... bae, pacakên saiki, yèn wis rampung arêp banjur dak tèkên lan dak capi pisan.

b: Nun inggih sandika. Sapintên wiyaring panêkukipun kartas badhe panggenan asma.

a: Têkukên mrapat.

--- 197 ---

b: Nun inggih, èngêt kula kala têtêsan kados botên mawi asma.

a: Bênêr ulêmku dhasar tanpa cap, mung tèkên bae, iku nuduhake yèn lêlênggahan patikêlir, mung mangagêm dhêstharan, rasukan bêskat,bêskap (dan di tempat lain). dene yèn ulêmku nganggo cap, iku nuduhake lêlênggahan dhinês, mangagêm kulukan, rasukan sikêpan.

b: Têka mawi kabeda têtêsan akalihan supitan, punapa putra kakung kalihan putri punika.

a: Ora mêngkono, beda dening dhayohe, sunatan dhayoh wadon, aku ora milu-milu nêmoni, kosok baline têtakan dhayoh lanang, dèn ngantèn ora milu-milu nêmoni.

b: Kala panjênêngan sowan jagong supitan dhatêng Kliwonan rumiyin punika kados ngagêm rasukan sikêpan agêng.

a: Iku seje manèh, abdi dalêm panèwu mantri yèn saba jagong mênyang dalême lurah bêkêle (wadana kaliwon) lan mênyang dalême para kangjêng pangeran, riya tuwin mayor, nganggo sikêpan gêdhe, sadhengaha gawe. Kosok baline prayagung wadana kaliwon rawuh jagong mênyang omahe

--- 198 ---

priyayi panèwu mantri ngagêm sikêpan cilik, yèn mantu, sarta ngagêm bêskat, yèn têtakan tuwin sunatan.

b: Para kangjêng pangeran punapa inggih makatên.

a: Ora, para kangjêng pangeran putra santana dalêm sarta riya panji wayah buyut dalêm ngagêm dhêstharan rasukan takwa, para mayor, kaptin, upsir, kulukan sikêpan, sawênèh ngagêm cara Walônda grutêni.

b: Mênawi priyantun panèwu mantri pinarak jagong ing griyanipun abdi dalêm lurah, bêkêl, jajar, mangandhapipun pisan dhatêng griyanipun tiyang alit, punapa wontên bedanipun.

a: Beda-bedaa, jagong mênyang omahe kônca lurah, bêkêl, jajar iya kulukan, nanging kulambine kêna bêskat, kosok baline kônca lurah, bêkêl, jajar, ora kêna nganggo bêskat, kudu sikêpan, jagong mênyang omahe sudagar = wong cilik, mung ikêt-ikêtan bae.

b: Kulu nun, saèstu damêl ulêm 50.

a: Iya.

b: Punapa botên ngaturi prayagung wadana kaliwon.

--- 199 ---

a: Saiki ora, besuk yèn slamêt rabine bae, mung ngaturi kyai lurah lan kyai bêkêl, iku wajib sarta bakal dak sabani dhewe. Tanpa layang ulêm. Wis ta nuli garapên. Si Baukarya konên mrene.

b: Inggih sandika.

__________