Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 060-119)

Katalog:Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60
Sambung:
1.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 001-059). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #266.
2.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 060-119). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #924.
3.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 120-191). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #925.

--- 60 ---

Tumbas kuwih-kuwih

Karyaboga: "Kupingan, kêmbang waru, kêmbang jambu, kêmbang durèn, kêlak-kêling, widaran, ondhe-ondhe, cucur, niku satuse pintên nyah ngantèn?"

Sèli: "Molung wang, wak, kuwih-kuwih kene bêcik dhewe tinimbang karo liya-liyane."

"Sêtangsul nggih, nyah?"

"Durung olèh, wak."

"Kawan tèng napa botên angsal?"

"Kowe arêp tuku pirang atus?"

"Ming tumbas gangsal atus, nanging mang wêrnani sêdantên."

"Apèka ta, wis, tak wèhake."

"Mêngke kula milih. Êmpun niki mawon, êngga mang wadhahi. Nigi le yatrane kawan tèng ping gangsal, dados wolulas tèng."

"Wilangên ing dhulang kono bae wak."

Tumbas sayuran

Karyaboga: "Pundi kobis boncise lan slèdri kapriyekaprine. sing apik-apik, kula pilihane?"

Rodamala: "Sing ontên dhasaran niki napa kirang sae, ngotên?"

"Êmpun padha bêsêm, lan kula ajêng tuku okèh. Sing ontên buri niku mang suntak kabèh."

"Êngga sadantên."

"Kobis sapuluh, boncis satakêr, slèdri kaprine sathithik niki mawon, ndika njaluk pintên?"

"Mang tumbas tigang rupiyah mawon."

"Karotêngah nèk awèh."

"Dèrèng, kobise mawon sadasa, nyuwanga satunggil êmpun rêgi sadasa uwang."

"Êmpun ta, kula undhaki suwang, dadi sangalas uwang. Botên awèh?"

"Ênggih dèrèng."

--- 61 ---

"Rongpuluh wang, nèk botên awèh nggih êmpun."

"Ênggih ta, êmpun, kula sukakake."

"Thokolane kalih kangkung lêmbayunge, tuwin jlegore utawa kacange sapêpake kanggo janganan, kula mang doli satêngah rupiyah mawon."

"Ênggih, êngga kula sukani mirah."

"Nigi lo dhuwite rongpuluh wang kalih sêtêngah, dadi rong rupiyah punjul rong wang, mang tampani."

"Ênggih."

Tumbas bumbu

Karyaboga: "Kula nuwun, mbok mas."

Dayarasa: "Napa saka blanja niku wau?"

"Inggih."

"Kok okèh timên nganti diburuhake wong loro?"

"Putra sampeyan ndara Dèn Ngantèn Bèi Tangkilan, badhe kagungan damêl nêtêsakên putra. Ngantos siyang dèrèng mantuk kadangon awis-awisan kemawon, botên kados têtumbas mriki namung ndhawahakên kemawon."

"Kula niki botên bisanan towa-tawa niku, sapisan nyuwèni laku okèh sing kula ladèni, kaping pindho sok bisa gawe kêblondronge wong nganyang, prasasat kula apusi alus, dodolan botên sabênêre."

"Awis mbok mas, kados panggalih sampeyan, wontên sucining panggalih sadean tanpa tawi."

"Botên saka ngotên, mung murih kêcukuping pagawean. Tanpa tawa, ewadene bau kula bocah papat olèhe mungkusi bumbu botên lèrèn-lèrèn. Lah niku ndika ênggih wêruh dhewe.

"Kula sampeyan paringi: sarêm saparah, traos abrit sabanon, traos pêthak sabanon, traos cêmêng sabanon, brambang 2 takêr, bawang 2 gèdhèng, mrica, pala, tumbar, jintên, salam, laos 2 wang, balur kula botên tumbas katosan, tumbas atusan kemawon. Balur kutuk 200, jambal 200, itik 200, sisik 200,

--- 62 ---

bandêng 200, krècèk sae 200, krècèk sêdhêng 200, krècèk awon 400. Pintên gunggunging yatranipun, mbok mas?"

"Êmpun kula petung klawan bincilan, tinêmuning gunggungan: wolung rupiyah putih punjul nên dhuwit."

"Sumangga artanipun sampeyan widèni, kula sampun pitajêng kemawon dhatêng sampeyan, mênggah lêrêse petangipun."

"Êmpun ganêp."

Ngundang dhukun nyunati

Jagakarsa: "Kula nuwun."

Wagaprana: "Sintên, niku?"

"Kula mbok Jagakarsa."

"Lah mbok banjur mlêbu mawon, napaa?"

"Lampah kula dipun utus ingkang putra ndara Dèn Ngantèn Bèi Tangkilan, manawi sampeyan sagêd benjing dintên Slasa Lêgi dipun timbali mrika, wanci pukul wolu sampuna dhatêng."

"Ontên gawene napa kula ditimbali, napa têtêsan?"

"Inggih, ingkêng wayah dèn lara Suwarni dipun têtêsakên."

"Ênggih ta, mang matur sandika."

"Sampun nyai, kula lajêng badhe dhatêng pêkên."

"Ênggih."

Tumbas sinjang sêkaran

Jagakarsa: "Mbok mas, sampeyan mênapa gadhah sinjang sêkaran?"

Karyapuspa: "Ingkêng sampeyan padosi sêkaran mênapa?"

"Sindur, banguntulak kalihan mayangsêkar."

"Wontên."

"Pintên aosipun wêrni tiga mênika?"

"Sampeyan tumbas kalih rupiyah kemawon, kula sukakakên."

"Kula awisipun sampun duka, inggih."

"Mangga kula aturi ndhawahi."

"Srupiyah."

"Dèrèng."

--- 63 ---

"Gangsal wêlas uwang kaparingakên?"

"Inggih dèrèng."

"Sampun ta, kula tutug kalih têngah."

"Inggih mêksa dèrèng."

"Inggih sampun, kula pados sanès."

"Sampeyan wangsul, sampun ta, kula sukakakên sêlikur wang."

"Kadospundi ta, mbok mas, sampeyan mênika, yatra sampeyan awis, kula sampun botên mindhak malih."

"Inggih ta, sampun, kula sukakakên kangge cundhuk laris taksih enjing sampun pajêngan."

"Mangga yatranipun sampeyan tampèni."

"Inggih, sampun lêrês kalih têngah."

"Sampeyan punapa gadhah lètrèk?"

"Gadhah malih, tiyang panunggilanipun sêkaran."

"Kula tumbas satunggal kemawon kalih tèng."

"Sadenan kula kalih wang."

"Yèn parêng kados sapangawis kula wau."

"Inggih ta, sampun, kula sukakakên."

"Mênika yatranipun."

"Inggih."

Tumbas sinjang lurik

Jagakarsa: "E, yu nggendhong lurik, ndika mandhêg sadhela!"

Randhasêmaya: "Napa ajêng tumbas?"

"Wong ngandhêg nèk botên ajêng tuku, ajêng napa?"

"Êngga ta, mang milih, dagangan kula sae-sae."

"Ndika duwe jarik tuluhwatu kalih slendhang liwatan, lan yuyu-sakandhang?"

"Gadhah, wêdalan Ngungking."

"Coba kula dêlênge. kok kasar timên?"

"Dospundi ta, mbok mas, sinjang kados ngatên mang wêstani kasar, sing alus kados napa?"

--- 64 ---

"Jarike niki ndika rêgani pintên?"

"Tiga mawon."

"Slendhange?"

"Kula sade kalih têngah sêtunggil."

"Gêlisan mawon tiba paro kabèh. Jarike karotêngah, slendhange sangang wang sitok."

"Dèrèng angsal yèn sêmontên."

"Êmpun ta, kula undhaki rong wang jarike, dadi rongpuluh wang. Suwang slendhange, dadi sêpuluh wang sitok. Gunggunge jarik lan slendhang: patang puluh wang."

"Ênggih ta, êmpun, kula sukakake."

"Mêngke kula etungake dhuwite. Lah êmpun niku ndika widèni."

"Êmpun jangkêp."

Tumbas sêmbagi

Jagakarya:Jagakarsa. "E, bah, renea."

Sing Siu: "Apa kowe alêp tuku sêmbagi?"

"Iyo, udhunna kene, tuku rong wêrna bae nêlung kacu. Sing jambon karo sing kuning iki bae sakacune rêga pira?"

"Sing jambon sêtali, sing kuning wolulikuk dhuwik."

"Sing jambon suwang, sing kuning wolung dhuwit."

"Ola, ola."

"Mêngko ta dhisik, aja kudu mlayu bae."

"Pila, pila?"

"Sing jambon tak-undhaki dadi rolas dhuwit, sing kuning suwang."

"Iya, pilang kacu?"

"Wong wis dikandhani nêlung kacu, pijêr takon bae. Olèhmu ngaconi aja mêngkono, mêngko rak dadi kurang saka têlung kacu."

"Ola, ola. ola kulang mêsthi bênêl."

--- 65 ---

"Mêngko ta, sêmbagimu kuwi aja kêsusu kobuntêl dhisik, aku arêp tuku akèh. Sing plênik irêng iku saêmblog rêgane pira?"

"Nêm lupiyah."

"Sêringgit ya?"

"Ola, ola."

"Têlu kurang sêtali. kêpriye?"

"Ola olèh."

"Ya wis."

"Tukunên têlu lupiyah wae."

"Êmoh."

"Ya ta wis, tak wèhake sanak-sanak."

"Dadi pira dhuwite?"

"Kowe pila etunge?"

"Têlu kurang sêtali diwuwuhi sêtali dadi têlung rupiyah, diwuwuhi manèh rolas dhuwit ping têlu, kapat tèng§ Tèng: ingkang kangge ing bakul sambiwara, kados ta: kapat tèng = 35 dhuit; kapat tèng punjul sadhuit = 36 dhuit; kapat tèng punjul sagobang = 37 dhuit; patang wang kurang sagobang utawi sadhuwit = 38 utawi 39 dhuit; nanging karotèng utawi têlu tèng punjul sadhuwit: botên kenging, ingkang kenging namung petangan sakawan minggah. punjul sadhuwit. Apa iya wis bênêr mangkono, ki?"

"Iya wis bênêl."

Tumbas sinjang bathik

Jagakarsa: "Ngriki mênapa wontên sinjang cap-capan sêkar kopi kalihan jamblang?"

Karyawastra: "Wontên sadaya. sampeyan badhe tumbas pintên?"

"Sêkaripun kopi namung satunggal, jamblangipun sakodhi."

"Mênika jamblangipun sampeyan tingali, brêgas punapa botên? Sêratanipun nêtês, montênipun kêmrasak, babaranipun sumringah, nanging aosipun awis, sakodhi kawandasa rupiyah."

--- 66 ---

"Mênapa satunggal cucukipun ngantos rêgi kalih rupiyah?"

"Inggih."

"Mênawi parêng kula suwun kalihdasa."

"Sêlot-sêlotipun."

"Kula aturi mudhun, ta."

"Kula udhunakên gangsal, dados namung rêgi kawan sasur."

"Taksih kêtêbihên pêmbalap. Barèsipun kemawon pintên?"

"Sampeyan mindhak pintên?"

"Kula aturi indhakan kalih likur rupiyah."

"Dèrèng."

"Sampun ta, mindhak kêkathahên atur, manawi kêparêng salangkung rupiyah."

"Inggih dèrèng."

"Inggih sampun, kula namung nyuwun tumbas satunggal sêkaripun kopi kemawon. Mênika pintên aosipun? kok blocok timên?"

"Sampeyan tumbas kalih têngah kemawon."

"Dhawah palih?"

"Dèrèng angsal."

"Kula indhaki suwang, dados sadasa uwang. Botên parêng?"

"Inggih ta, sampun, sampeyan pundhut. Kadospundi jamblangipun?"

"Parêng mênapa botên?"

"Mangga ta, kula aturi ngindhaki malih."

"Kula sampun botên mindhak."

"Inggih ta, sampun, kula caosakên, sêrêp-sêrêp dados lêngganan."

"Punika yatranipun sêlangkung kalihan sêdasa uwang, sampeyan widèni."

"Inggih, sampun lêrês."

Tumbas minuman

Tangkilan: "Bujaprasita!"

Bujaprasita: "Kula."

--- 67 ---

"Jaranku Si Madusêti abah-abahana, arêp dak tunggangi mênyang loji."

"Inggih sandika."

"Jokna mrene."

"Inggih."

"Olèhmu nglapaki iku kêmajon, undhurna sathithik."

"Inggih."

"Apuse buntut iku yèn ora ko-owahi mêsthi kêkêndhon, dening undhuring lapak."

"Punapa samantên?"

"Uwis, samono bae sêdhêngan. Taline uwang iku kêkêncêngên, sabên-sabên mêngkono, ora tau kogatèkake pituturku, yèn tali uwang iku ora kêna kêncêng-kêncêng. Wis samono bae, êndi cêmêthine?"

"Punika."

...

Tangkilan: "Tabik, tuan!"

C. van Bronkhorst: "So radèn ngabèi, tabik, ada baik?".§ Rumaos langkung inggil tinimbang bangsa Indhonesia punika pancèn sampun dados bêktanipun bangsa Walandi.

"Baik tuan."

"Lama sobat tidak datang di toko?"

"Saya tuan, barangkali lebih tiga bulan. Kemaren tuan buka rekening saya punya utang srutu, sudah saya bayar poldan."

"Betul, tapi cuma uang sedikit, dua belas rupiyah setengah."

"Sekarang saya mau ambil barang banyak."

"Baik, dengan segala senang hati. Apa sobat mau ada kerja?"

"Saya tuan, kebetulan hari taun saya umur tiga puluh tiga taun, nama tumbuk sekali, biasanya orang Jawa dirayakan dengan perjamuan, dan paginya nyunatken saya punya anak prampuan."

"Itu adat baik sekali. Apa yang sobat misti pake, boleh ambil."

--- 68 ---

"Saya sudah bikin setat. Kalau suka boleh priksa saja dan lantas taroh harganya sama sekali."

"Coba saya priksa: Konyak 1 doziyn, jenewer AVH 1 keler, anggur merah 1 doziyn, aerblanda 1 kranjang, pait 2 botol, srutu manila 1 peti, srutu Abana 1 peti, salem 5 bleg, ercis 5 bleg, mertega 1 tong, semua harga seratus dua puluh delapan rupiah, semua barang ada dan boleh ambil."

"Baik tuan, tetapi saya ada sedikit permintaan."

"Apa?"

"Itu barang semua, yang tersebut didalem setat, dan yang tuan sudah taroh harganya, kapan tidak habis saya pake, sebrapa lebihnya, saya boleh kirim kembali. Adapun bayarannya nanti diblakang boleh reken lagi dengan saya kirim kembali barang lebihan itu sama uang bayaran habisnya barang yang saya sudah pake."

"Baik, sobat, asal belum dibuka saja boleh kirim kembali."

"Apa saya bisa trima sekarang barang itu semua?"

"Bisa juga, sobat."

"Kalau suka boleh ditrimakan saya punya orang Jayanimpuna namanya, yang sringkali saya suruh bawa bon ambil barang disini."

"Baik, lah itu sudah kliatan dateng menusul."

"Noh, sudah tuan, saya minta permisi pulang lebih dulu."

"Baik, slamet jalan, sobat."

"Trima kasih."

Bêrah mbêkta minuman

Jayanimpuna: "Kang Baukarya!"

Baukarya: "Kula, mas."

"Ayo milua aku, nggawaa kancamu buruh anaa wong wolu bae cukup, mirantia pikulan lan sandhat utawa dhadhunge pisan."

"Inggih."

--- 69 ---

"Gilo barang iki kabèh gawanên mênyang Tangkilan, banjur jujugna ing gêdhong minuman bae, pasrahna marang panakawan, kowe kabèh banjur nusula aku mênyang Pacinan gêdhong gêdhe, tak bayari ana ing kono bae, lan kowe dhewe karo kancamu siji manèh nggawaa gula tèh sapanunggalane, pikulên wong loro bae cukup."

"Inggih."

Tumbas gêndhis tèh

Jayanimpuna: "Bah, nontoni tèhmu keki lawas."

Tyang Sing: "Ya, kiye."

"Dudu, La, ya kuwi sing kodhêlikake."

"Iki lalang."

"Wis dhêngêr nèk larang, malah aku arêp tuku akèh."

"Tuku pila, tuku pila?"

"Sarèh ta, rêgane pira sabungkus?"

"Sêlupiyah, ola kulang."

"Aku wis kêrêp tuku mrene kongkonan bocah nggawa conto dluwange cukup, rêgane sabungkus wolung wang. Sarèhning aku tuku akèh dak jaluk sudane. Nèk awèh sabungkuse dak tuku kwolu tèng, aku tuku sapuluh bungkus."

"Ola, ola, ola kêna kulang wolung wang."

"E, e têmênan, kowe ora awèh, tuku akèh kopadha tuku sathithik. Aku arêp golèk liya, aja ko-êntol, mêngko aku yèn wis lunga ko-undang bali, aku suthik."

"Ya, ta, wis sanak-sanak, tak wèhake."

"Wis ta, ngono bae. Sarèhning aku tuku akèh lan wis sumurup rêgane, tak ênyang sudane saka padatane wong tuku ècèr, timbangên karo wong tuku akèh. Yèn awèh sukur, yèn ora awèh, aku golèk liya, dadi ora kakehan idu. Satêmêne aku sêdhih caturan karo kowe, mundhak kêmruwuk kaya wong padu, rinungu ing wong aku isin. Saiki

--- 70 ---

tak petung rêgane wutuh bae, kaya ta: tèh para 5 bungkus, tèh dhahar 10 bungkus, gula batu ¼ dhacin, gula pasir ¼ dhacin, cêngkuwèh 10 kati, tai kucing 10 kati, manisan 4 tenong, kabèh gunggung rêga f 39.58, iku dak kurangi limang prêsèn, srupiyahe suda nêm dhuwit, yèn ora awèh ya wis, aku arêp golèk seje."

"Mêngko dhisik tak lêmbuge. - Ya wis, sanak-sanak tak wèhake, besuk tukua mlene manèh wae."

"Iya ta, wis nuli katènana, katène aku njaluk katèn bênêr rongpuluh reyal.§ sêreyal = 9 dhuwit; 20 reyal = sakati = 180 dhuwit. Aku wis mangrêti katèn aja koapusi."

"Ola, ola. wis ganêp kabèh, êndi dhuwike?"

"Mêngko ta, mangsa aku mlayua, ora. Nanging rak nganggo dietung dhisik, wutuhe f 39.58-f 1.98 dadi kari f 37.60. Apa wis bênêr mangkono?"

"Mêngko taksimpile dhisik. Wis bênêl."

"Lah ênya iki tampanana."

"Iya, tlima kase.

Jayanimpuna: "Kêbênêran kowe wis têka, iki lagi bae rampung olèhku padon."

Baukarya: "Mênapa saèstu mbêkta barang malih?"

"Iya nanging mung wong loro bae. Lah iki tampanana opahe wong wolu kang padha nggawa minuman mau, wong siji tak opahi ngrong wang, ping wolu dadi nêmbêlas uwang. Kowe lan kancamu siji nggawaa gula-tèh iku jujugna mênyang gêdhong wedang, pasrahna marang panakawan bae manèh. Iki opahe wong loro patang wang, aku arêp mampir mênyang Kêmlayan. Wis ta, nuli gawanên."

"Inggih. - Nya gilo opahamu wong siji ngrong wang, tak potong nyêdhuwit aku sing dadi pangarêp, kari nyangalas dhuwit."

--- 71 ---

Ngundang niyaga

Jayanimpuna: "Kula nuwun!"

Miling: "Sintên?"

"Kula, Jayanimpuna."

"E, mangga mas, lajêng mlêbêt ing griya kemawon."

"Anggèn kula mriki dipun utus ingkêng putra Radèn Ngabèi Tangkilan, benjing dintên Slasa Lêgi ngajêng punika sampeyan dipun timbali, sarta mbêktaa kanca niyaga kawan wêlas kalêbêt sampeyan, kadhawahan nabuh sadintên sadalu, wiwit sontên bibar sontênipun malih, kaparingan pituwas sadasa rupiyah."

"Kêsangêtên manawi namung kaparingan sadasa, kula sudakakên saking rupiyah kalih padatan, dados kaparingan kalih wêlas, kula sakanca sagêd nglampahi, punika taksih angsal cadhong tike tuwin jênèwêr."

"Inggih, sampun kula sagahi sadaya namung kanca niyaga kula suwun pilihan sadaya, sampun mawi mbêkta kidhungan, manawi damêl cuwaning galihipun ingkêng putra."

"Inggih, sampun sumêlang, kula sampun sumêrêp galihanipun radèn ngabèi. Kagungan damêl punapa?"

"Kalêrês wiyosan tumbuk yuswa 33 taun, enjingipun têtêsan putra radèn rara Suwarni. Kalih dene malih sampeyan dipun dhawahi pados ringgit ingkang prayogi, namung kangge nayuban dalunipun, siyangipun botên."

"Sintên ingkang dipun karsakakên katayub?"

"Dipun borongakên dhatêng sampeyan kemawon, sok ugi ingkang sagêd damêl pirênaning tamu."

"Ingkang sae punika pun Gambyong, nanging awis imbalanipun."

"Pintên?"

"Sadalu sêlangkung rupiyah. Piyambakipun ingkang tigang bagean, niyaga ingkang sabagean, pituwas kangelanipun nabuh sadalu tanpa kèndêl."

--- 72 ---

"Pikantuking tombok rak inggih kapetang dados imbalan?"

"Inggih, saupami tombok angsal gangsal wêlas, ingkang kagungan dalêm namung tambah sadasa. Wontênipun tombok dipun dèkèkakên ing bokor mawi katumpangan bèri, lungipun arta saking priyantun ingkang bêksa katampèn ing ringgit, lajêng kadhawahakên ing bèri rumiyin, lajêng kasukakakên ing bokor. Kajawi ngatingalakên kathah-kêdhiking tombokipun, kasumêrêpan dhatêng tiyang kathah saha dhatêng ingkang kagungan dalêm, inggih ugi kenging kapetang sapintên kathahing pikantukipun, badhe nambahi utawi sampun nyêkapi epahipun, sampun katingal kemawon. Ananging manawi tombokipun langkung saking salangkung rupiyah, langkunganipun botên kadarbe dhatêng ingkang kagungan dalêm, kaparingakên dhatêng ringgit sadaya."

"Dados tombok punika sami ugi sumbangan, urun tumut ngepahi ringgit."

"Inggih."

"Kula mrayogèkakên pun Gambyong kemawon sampeyan tantun manawi purun katayub dhatêng Tangkilan, sanajan epahipun kathah, manawi tombokipun pikantuk kathah, inggih botên dados punapa, kalih dene malih wontênipun tombok kathah, punika botên namung katarik saking ingkang kagungan dalêm. inggih ugi katarik saking awon-saening ringgit. Saupami ringgitipun awon, ingkang tombok inggih botên sagêd kathah tinimbang bilih ringgitipun sae, ingkang tombok botên sagêd sakêdhik, dening lingsêm dhatêng ringgitipun."

"Dhasar inggih makatên, mas, mila priyantun kagungan damêl ajrih mawi ringgit sae dêning epahan kathah, dipun pilampu ringgit awon, epahanipun sakêdhik, punika lêpat."

"Bilih sampun gilig rêmbagipun, kula lajêng mantuk."

"Kula sampeyan tilari tumbasanipun sêkar sarupiyah, punika minangka manjêr ical, Bilih ringgit sampun kadugi nampèni tumbasan sêkar, sanajan dipun undang ing tiyang sanès, epahanipun lagkunglangkung. kathah tinimbang kalihan ingkang

--- 73 ---

ngundang rumiyin, inggih dipun tulak, amargi ajrih dening sampun nampèni tumbasan sêkar wau. Beda bilih botên mawi panjêr, asring mblenjani, purun dipun undang ing tiyang sanès ingkang kathah imbalanipun, saha sanajan pangundangipun blêjogan."

"E, la, prêlu punika, kyai kêdah dipun manjêri.panjêri. Lah punika kula saosi sarupiyah."

"Kanca inggih kula suwunakên manjêr pisan sarta lajêng badhe kula wradinakên punika."

"Prayogi, saringgit punapa cêkap?"

"Tigang rupiyah sêtangsul cêkapipun, dhatêng kanca tigawêlas."

"Sumangga kula saosi tigang rupiyah sêtangsul, kula lajêng nyuwun mantuk. Sapêngkêr kula lajêng sampeyan tindakakên, sampun ngantos ngapintêni."

"Inggih."

Ngunjuk bikak kêmah

Pukul 8 tamu wiwit dhatêng dalidir, gangsa slendro pelog mungêl gêgêntosan, dipun sindhèni ing ringgit. Sabên tamu dipun papagakên dhatêng Radèn Ngabèi Tangkilan, sarta lajêng kaacaran lênggah urut pangkatipun. Tumuntên kaladosan wedang prêsan, katungka srutu, dhasar tamu pêthilan namung para neneman kemawon barakanipun Radèn Ngabèi Tangkilan, sarta dhasar sami kajêngipun rêmên mêmitran saekapraya.

Tangkilan: "Mangga, kangmas-kangmas, utawi adhi-adhi, sami kaparêng ngunjuk punapa?"

Tamu: "Kula pait kemawon."

"Kula inggih pait."

"Kula inggih ugi pait."

"Kula inggih ugi sami pait."

"Kula inggih ugi sami kemawon, pait."

"Punika lêrês, minangka bikak kêmah badhe dhahar, kaangkah ngunjuk tigang dhasar, sampun sêdhêngan, bibar dhahar ngunjuk inuman ingkang alus-alus."

--- 74 ---

"Pangandika sampeyan têmbung: tigang dhasar, kula kèngêtan pradikaning ngunjuk, sanajan ing dalu punika pancèn namung amongsuka, kados prayogi ngèngêti ungêling pradika wau."

"Punika lêrês, awit bilih sagêd ngèngêti, inggih sagêd nyuda utawi ngêngirangi ing pangunjuk botên ngantos wuru."

"Wurua punika wontên ngriki sami ugi wontên dalêmipun piyambak."

"Sanajan wontên dalêmipun piyambak, tiyang mêndêm punapa sae? Punika rak namung nelakakên lêgawaning galih sampeyan. Kaparêng sami mêndêm wontên ing ngriki, inggih nuwun kula sadaya."

Pradikaning minum

Tamu: "Kula kêpengin sumêrêp wardining pradikanipun ngunjuk awis, nanging dèrèng pikantuk. Coba sapunika mupung nuju pakêmpalan kalihan kanca piyambak sarta nunggil budi, prayogi kawêdharakên."

"Sintên ingkang kaparêng, kangmas Prabakesa, kados?"

Prabakesa: "O. kula solo, botên apil. Ingkang apil kangmas Sastrajendra."

Sastrajendra: "Lêrês, nanging tiyang ragi panjang."

"Sanajan panjang kula sami badhe botên kêmba mirêngakên."

"Mênggah ingkang mungêl ing sêrat primbon pradikaning minum punika makatên:

1. eka padma sari; eka: sawiji, padma: kêmbang, sari: sarining kêmbang; wong minum antuk sadhasar, kaya kombang ngisêp sari;

2. dwi amartani; dwi: loro, amartani: andhap asor; wong minum antuk rong dhasar, saenggo gêlêm dikongkon, utawa diêpak;

3. tri kawula busana; tri: têlu, kawula: batur, busana: panganggo; wong minum antuk têlung dhasar, sanajan

--- 75 ---

batur yèn bêcik panganggone kudu jajar lungguh lan bêndarane;

4. catur wanara rukêm; catur: papat, wanara: kêthèk, rukêm: wowohan; wong minum antuk patang dhasar, kaya kêthèk mangan wowohan;

5. panca sura panggah; panca: lima, sura: wani panggah: kasaguhan; wong minum antuk limang dhasar, sanajan wong kuru mêngi amêsthi ngumbar sanggup;

6. sad guna wêweka; sad: nênêm, guna: bangkit, wêweka: pangawasaning ati; wong minum antuk nêm dhasar, sanajan krungu wong maca utawa muji, pangrasane angrasani ala marang awake;

7. sapta kukila warsa; sapta: pitu, kukila: manuk, warsa: udan; wong minum antuk pitung dhasar, kaya manuk kodanan, awak ndharêdhêg, cangkême kêmruwuk;

8. astha sacara-cara; astha: wolu, sacara-cara: sawiyah-wiyah; wong minum antuk wolung dhasar, gampang mêtokake ujar sawiyah-wiyah;

9. nawa gra lapa; nawa: sanga, gra (wagra): awak, lapa: lêsu; wong minun antuk sangang dhasar, wus sarwa lêsu awake;

10. dasa buta mati; dasa: sapuluh, buta: mêdèni, mati: mati têmên; wong minum antuk sapuluh dhasar, wus saengga mati, ewadene isih mêdèni, yèn obah, kang ndêlêng padha lumayu."

Tangkilan: "Sapunika sampun dumugi pangandikanipun kangmas Sastrajendra nggêlarakên pradikaning minum, sumangga ngunjuk sadhasar malih."

Tamu: "Punika cikalanipun taksih."

"Cikalanipun kemawon katêlasakên rumiyin."

"Prayogi, mangga."

"Mangga."

--- 76 ---

"Ringgitipun sintên dhi?"

"Pun Gambyong, kangmas, lah punika katingal saking ngriki lênggah wontên sawingkinging pangêndhang."

"Punapa ingkang mancorong pindha kartika mbangun punika?"

"Dede, punika rak urubing sêngkangipun. Manawi citranipun ingkang pêthak pindha sasadara kawêkas punika."

"Mangke kemawon dipun titipriksa ingkang têrang, sapunika ngunjuk malih."

"Mangga."

Lênggah dhahar

Tangkilan: "Dhaharipun sampun sadhiya, manawi kaparêng sami kula aturi lênggah dhahar."

Tamu: "Mangga."

"Mangga."

"Mangga."

"Sope dirikat olèhmu nyidhuki sarta nuli larihna, yèn nganti adhêm lumadine kurang mirasa. - Mangga sopipun ingkang sampun kawaradinan lajêng kadhahar, ingkang kantun nusul kemawon, manawi sêlak asrêp."

"Mangga."

"Anggure abang protana kabèh banjur balèkna ing meja panggonane mau, sarta gêlase banyu isènana. - Mangga ngunjuk anggur pangluntur amis."

"Mangga."

"Piringe sop gêlis nuli jupukana, salinana ambêng dhahar lan karo piring cilik wadhah iwak, tungkanên lumadining dhahar sêga salawuhane, acare aja lali. - Mangga dhahar sawontênipun."

"Mangga."

"Piring ambêng lan piring wadhah iwak gêlis nuli jupukana dalah sendhok poroke, nuli salinana piring cèpèr wadhah dhaharan,

--- 77 ---

tungkanên lumadining wowohan sarta rêmik-rêmikan. - Mangga kasambi dhaharipun."

"Mangga."

Salêbatipun dhahar, ringgit katimbalan majêng lênggah wontên kursi sawingkinging pinarakanipun pangagênging tamu, ungêling gangsa kasindhenan ing ringgit wau wontên ing ngriku, laras namanipun, para tamu katingal gambira."

Kondhisi

Tamu: "Kula badhe kondhisi, dhi."

Tangkilan: "E, mawi kondhisi, kangmas?"

"Mawi-mawia."

Nuthuk gêlas sapisan mungêl kaping tiga (thing, thing, thing), kaaturan sami ngisèni gêlasipun anggur piyambak-piyambak.

Nuthuk gêlas kaping kalih mungêl kaping kalih, tandha pitakèn punapa sampun wradin gêlasipun sampun isi anggur sadaya.

Nuthuk gêlas kaping tiga mungêl sapisan, kalihan ngadêg, tandha ngajak jumênêng, lajêng sami ngadêg. Kondhisi:

"Kula ingkang minangka dados lêlantaran nglairakên ciptaning kathah, para tamu ingkang sami pinarak wontên ing pasamuwan punika sadaya, suka wilujêng dhumatêng Radèn Ngabèi Tangkilan, dumugi ing dalu punika angsal kamirahaning Pangeran, ginanjar umur tigang dasa tiga taun, tumbuk sapisan, mugi-mugi tulusa sapanginggilipun dumugi tumbuk kaping kalih suwidak gangsal taun, sarta angsala ganjaran langkung saking punika kalayan kasarasan, sarta kabêgjan, tumêrah dhumatêng garwa-putra.

"Hip, hip, hip!"

"Huse!"

"Huse!"

"Huse!"

Thing-thing-thing;-thing-thing;-thing.

"Sangêt ing panuwun saha ing pamundhi kula anggèn kula

--- 78 ---

nampèni pratandhaning sih katrêsnanipun para priyantun kanca kula ingkang kalairakên dhatêng Radèn Ngabèi Cucuk, asung pêpuji mênggahing karaharjan kula, tumêrah dhatêng anak bojo kula, mugi-mugi pangandhika wau kabula ing saèsthining galihipun. Ing mangke kula ngaturakên gênging pêpuji kula ing Gusti Allah, ingkang mêdal saking manah suci, mugi-mugi para priyantun kanca kula sami manggiha kadrajatan, ing saukuring sariranipun piyambak-piyambak, sarta winantua ing kabêgjan agêng, miwah panjang ingkang yuswa, kasarasan ing salami-laminipun. "Hip, hip, hip."

"Huse!"

"Huse!"

"Huse!"

Thing, thing, thing;-thing-thing;-thing.

"Punika karaharjanipun nagari Surakarta.

"Hip, hip, hip."

"Huse!"

"Huse!"

"Huse!"

Tayuban

Tangkilan: "Sumangga kula dhèrèkakên lênggah dhatêng pandhapa, lêlênggahan sakaparêngipun."

Tamu: "Sumangga."

"Kaparêng ngunjuk punapa?"

"Konyak kemawon, dhi, kula."

"Kula mangke kemawon, ingkang sayogi sapunika toya wlandi."

Mawi mongka-mangke, ingkang dipun êntosi punapa, pun Gambyong sampun cêpak, konyak kaladosan, toya wlandi inggih kaladosan."

"Sumangga, inggih. - Wis sinoman, isènana konyak bae kabèh."

--- 79 ---

"Nun inggih."

"Gambyong, coba wiwitana njogêd dhisik, tak sawange tênagamu, yèn rupamu wis nyukupi marang kabutuhan."

"Inggih, sandika."

"Apa gêndhinge?"

"Gambirsawit."Lajêng wiwit njogèd nêlasakên tênaga, sarta sindhèn nganyut-anyut manah damêl gambiranipun para tamu. Gêndhing suwuk.

"Sapunika Gambirsawit sampun suwuk, prayogi lajêng bêksan, panjênêngan sampeyan ingkang ngrumiyini bêksa. - Mrenea Mbyong, ladèkna sondhère."

"Nun inggih."

"Kula mangke kemawon, dhi, sampeyan saosake kangmas Ngabèi Biyêng."

"Lêrês kula sêpuh, nanging kula rak kawon sêpuh ing damêl kalihan adhi Ngabèi Dhêlong."

"Sampun ta, kêdah panjênêngan sampeyan ingkang bêksa rumiyin, punapa gêndhingipun?"

"Ingkang gampil-gampilan kemawon: ladrang manis."

Ngulungi tombok saringgit dhatêng pun Gambyong mêndhêt saking ing kandhutan. Ing jaman sapunika, botên, priyantun lingsêm ngandhut yatra.

"Kanca niyaga, ladrang manis."

Kalihan mbanting anggris wontên ing bèri ingkang kalambaran bokor: crong, murih kasumêrêpan utawi kêmirêng ing kathah, lajêng wiwit bêksa, angsal sagongan dipun larihi dhatêng mas Ngabèi Jayapakiringan, kalihan Radèn Ngabèi Suramuninggar, sakalangkung gobyog mawi kêplok sarta surak ambal-ambalan. Sarêng larih sampun rambah kaping sakawan, suwuk.

"Sapunika ingkang kadhawahan urak saèstu panjênêngan sampeyan. - Mrenea, Mbyong, sondhère saosna kangmas Ngabèi Biyêng, karo nyuwuna dhawuh apa pundhutane."

--- 80 ---

"Nun inggih. - Punika sondhèripun, ndara bèi, punapa ingkang kapundhut?"

"Unèkna sêkar gadhung bae."

Kalayan ngulungakên tombok.

"Nun inggih. - Kanca niyaga, sêkar gadhung."

Kalihan mbanting anggris. Lajêng wiwit bêksa ingkang kaping kalih, sarta larih gêgêntosan, makatên ing salajêngipun gêntos bêksa urut sêpuh ing damêl, ngantos dumugi pukul sakawan enjing sawêg bibaran, wilujêng botên wontên pasulayan, para tamu lajêng sami kondur sowang-sowang, raharja ingkang pinanggih.

Sunatan

Radèn ngantèn: "Mbok Jagakarya!"

Jagakarya: "Kula."

"Ing ngêndi bakal olèhmu mirantèni ênggon pasunatan kang kiwa?"

"Kajawi saking karsa sampeyan, ingkang prayogi namung ing kamar gadri wetan, papanipun jêmbar, padhang dening candhela kaca, tur kiwa adhakan, cêlak saking dalêm."

"Iya, aku wis mrayogakake, banjur rêsikana, nuli gêlarana lampit dhisik sajêmbaring kamar, ing têngah gêlarna klasa pasir, banjur tumpangana babut. Nuli isarating sunat: godhong kluwih, godhong apa-apa, godhong kara, dhadhap srêp lan alang-alang, tumpangana klasa bangka, banjur plèmèke tundha sanga: lètrèk; kêmbangan: sindur, banguntulak lan mayangsêkar; sêmbagi rupa loro; slendhang lurik yuyu-sakandhang; liwatan; jarik lurik tuluhwatu; jarik bathik sidaluhur utawa sidamukti, ana ing dhuwur dhewe, gunggung wis ganêp tundha sanga. Sajène: gêdhang ayu, suruh ayu, gambir wutuhan sarta jambe tangan, bêras sakati, gula-krambil satangkêp, tindhihe dhuwit suwang saprapat."

--- 81 ---

Ing wanci enjing bibar nayuban, pandapa sampun dipun rêsiki sarta dipun tata kados waunipun, damêl rêsêping paningal, makatên ugi ing dalêm sampun dipun gêlari babut. Radèn Ngabèi Tangkilan sampun sumingkir dhatêng ing langgar, botên kenging manggihi tamu èstri. Gangsa têrus mungêl ngrangin, nanging botên dipun sindhèni ing ringgit. Wiwit pukul sanga tamu èstri sêpuh anèm dhatêng ndalidir mêdal ing têngah pandhapa saabdinipun gumrudug, sami ngadi busana. Ing dalêm sampun kathah tamu, ing kajogan bêntêt para abdi.

Radèn ngantèn: "Sumangga, eyang, lênggah kidul."

Tamu: "Wis, kene bae."

"Ibu ngèrèk cêlak eyang."

"Iya."

"Mbokayu, mbok lênggah majêng."

"Inggih."

"Dhi, sampeyan cêlak kula ngriki ta."

"Sampun."

"Kula nuwun, eyang, kula nyuwun barkah pandonga dalêm, mugi kaparêng mangku wayah-dalêm pun gêndhut,gêndhuk. kasawabana laki namung sapisan, angsal priyantun, drêman anak bêbranahan, sugih anak-putu, panjang umuripun, sarta kasarasan, tinêngga ing bêgja salami-laminipun, kados panjênêngan dalêm."

"Iya ta, ndhuk, mêngko tak pangkune. Aku iki sok gumun sing padha ngalap barkah marang aku, ngarani bêgja, rumangsaku dhewe ora mêngkono. Sing nyata bae laki pisan, sugih anak putu, malah wis buyut lima, dening umurku dawa wis wolung puluh loro taun lumaku sarta kuwarasan, nanging ora sugih ora singgih."

"Dados suwargi eyang mênggung punika botên sugih botên singgih?"

"Mêngko ta, kandhaku durung tutug. Olèhku eyangmu

--- 82 ---

iku aku lagi umur limalas taun, eyangmu yuswa wolulas taun, isih magang ana ing karaton, dadi langêntaya. Dhasar bagus wêrnine, nganti dadi kondhanging kidung. Yèn bêksa dhadhap akèh wong wadon sing kedanan."

"Eyang punapa inggih kedanan?"

"Mangsa. Nanging galihe eyangamu iku tani, ora kagungan rêmênan, olèh aku nganti patutan wolulas, ora tau ngiwa, tak aturi mundhut ampil ora karsa."

"Punika kula maibên, eyang, mbokmanawi anggènipun botên karsa mundhut ampil punika, ing bêbasan: dipun culakên sirahipun, dipun gondhèli buntutipun."

"Ora ndhuk, têmênan, wong wis ana anak wolulas arêp apa manèh, apa dadak duwe kêpanasan mungguhing maru."

"Tiyang dèrèng nglampahi, eyang, beda kalihan kula punika kêdah ngêpruk kemawon dhatêng sêliripun wayah dalêm, rumaos kula saparipolahipun namung mêmanas manah nangèkakên napasipun tiyang kèndêl."

"Aja mangkono ta, iku ora bêcik, wong gêdhe kang bisa momong maru iku misuwur bêcik asmane, mangkono uga bojoning priyayi panèwu mantri, prayoga tuladatuladha. marang lêlabuhan bêcik mau."

"Inggih nuwun, eyang, kabula pangandika dalêm punika, kula sagêd nglampahi."

Tak tutugake kandhaku mau. Ênggonku sêlak ora sugih ora singgih, marga olèhku eyangmu iku kêna ingaran laran-laran, wis padha tininggal ing baba biyung, paranyai olèh panakawan, awit aku sasedane rama ibu banjur maranyai ana ngarsa dalêm eyang Gusti Kangjêng Ratu Agêng. Dhaupku lan eyangamu awit saka karsa dalêm, ditrimakake, banjur padha nglakoni laralapa, awit eyangmu iku putrane wuragil bapak mênggung wijil saka garwa nèm, dadi ora ginadhang nggêntèni kalênggahane. Lawas-lawas katrima pasuwitane winisudha dadi mantri anom, kaparingan jênêng Radèn Ngabèi

--- 83 ---

Kartapati, banjur piniji nglurug pêrang. Kartaning jaman winisudha manèh dadi bupati mancanagara nama Radèn Tumênggung Sujanapura, lêstari nganti seda, digêntèni marang anakku pambarêp, jênêng nunggaksêmi. Aku banjur mulih marang Surakarta ngêtutake anak-anakku lanang wadon kang pada dadi utawa karabi panèwu mantri, akèh kang isih padha kèri ana ing kene, iku isih dadi ati bae."

"Inggih punika, eyang, ingkang kula kêpengini saking laralapa wêkasan mulya, mila angsala sawab pandonga dalêm. Punika sampun wanci, eyang."

Dhukune apa wis têka?"

"Sampun, saha sampun manggèn wontên ing pasunatan gêdhong gadri wetan."

"Ayo ta, kabèh pada mrana. Si ndhuk iku kanthinên."

"Nun inggih sandika."

...

"Mêngko ta, aku dak linggih marêp mangidul ana satêngahing plèmèk. Kene bantale kuwi tumpangna ing pangkonku. - Wis ndhuk, sèndhèna ing pangkonku kene. Olèhmu sèndhèn kêndhangakên, turona bae sing sumingi, sikilmu aja koslonjorake mêngkono, jingkrungna dadi bisa dadi kêndho, dhêngkule kiwa têngên jaganana. - Dèn Ayu Saralathi, kowe sing sugih anak kaya aku nutupana mripat saka buri, cikbèn kêtularan kowe."

"Nun inggih. anak kula sawêg gangsal, dèrèng saparatiganing wolulas, kados panjênêngan dalêm."

"Lah iya, wong kowe isih nom, wis duwe anak lima, iku wis kawilang sugih, lawas-lawas bakal ngukulingungkuli. aku."

"Sampun botên, ibu, punapa kenging dipun gêlak?"

"Iya ora. - Êndi dhukune?"

"Nun kula."

--- 84 ---

"Wis ta, nuli sunatana."

"Nuwun inggih sandika."

"Kowe wis sadhiya kunir lan kapuk?"

Nulilhahi rajingun,§ Cêkakanipun: inna lillahi wa inna illaihi raji'un; maknanipin: kawula punika kagunganipun ing Allah, saha kawula punika badhe wangsul ing Allah. kêsupèn, ndara."

"Tanpa kunir lan kapuk, klêntike arêp kolandhêsi karo apa?"

"Mila kula matur kêsupèn. Punika kula sampun mêndhêt."

"Kowe nganggo lading apa?"

"Gapit alit, ndara."

"Wis koasah landhêp?"

"Sampun."

"Wis ta, dialon. - Ora apa-apa ndhuk, aja ndhrêdhêg. - Olèhmu nutupi mripat aja sêru-sêru, mung anggang-anggangên bae. - Lah saiki wis manjing agamane Islam, manut Dèwi Pêrtimah. - Mbok Mas Dhawuk, putumu pondhongên mênyang jamban, alon, ayo padha didusi banyu kêmbang sataman, mrana."

"Inggih sandika."

"Mbok Wagaprana!"

"Kula, ndara."

"Pêthêtane klêntik apa wis kocêmplungake ing cuwo banyu kêmbang sataman, dalah kunir lan kapuke kang ginawe langgênan?"

"Sampun, ndara."

"Iku labuhên mênyang ing bêngawan, saiki, pasrahna wong desa bae sing gênah."

"Inggih sandika."

"Wis kodusi iki mau?"

"Sampun, ibu."

"Wis ta, pondhongên manèh banjur jujugna ing ngarêp

--- 85 ---

kobongan, arêp didandani, lan mung anggonana pasatan sêmbagi bae."

Radèn lara Suwarni lajêng dipun dandosi mangangge sinjang lêmês, sarta mangangge sêsotya: gêlang, kalung sarta cundhuk-mêntul, sêrat intên, punapa dene slepe. Para tamu lajêng sami dhahar kêmbul wontên ing dalêm. Bibar dhahar lajêng kasukan thothit sarta kowah, kaladosan wedang tèh panggêngan sarta nyamikan kuwih-kuwih tuwin manisan. Pukul sakawan bibaran, kondur sowang-sowang raharja ingkang pinanggih.

Pasah

Radèn ngantèn: "Pun ndhuk niku benjing Lêgi, yèn parêng badhe kula pasahake."

Tangkilan: "Isih kêcilikên, ibune, lagi pira ta, umure?"

"Tigawêlas mlampah niki. Taune Be. Be, Be, wolu. Wawu, Jimakir, Alip, Ehe, Jimawal, gangsal. Wolu lan gangsal dados tiga wêlas, jangkêp umur tiga wêlas taun mlampah."

"Hê-êh, nanging laire si ndhuk rak ana Be akir, sasi Bêsar bubar grêbêg lêt sadina, saiki taun Jimawal, nanging lagi sasi Sura, dadi umure si ndhuk lagi rolas taun punjul sêsasi."

"Sêmontêna nika lare èstri prêlu kêdah dipasahi, sanajan ming sarat, sok ugi êmpun kêlampahan, ampun ngantos krumiyinan sari, awit botên kirang lare èstri sawêg umur kalih wêlas taun, êmpun nggarapsari."

"Iya ta, prayoga pasahna, besok Lêgi ngundanga tukang masahi, nanging mung gawenên sarat bae."

"Lasar ênggih ming didamêl sarat mawon, benjing lakine diping kalihake pasah mêlih utawi lintu tatah napa sasênênge larene. Kalihdene mêlih beda kalih lare jalêr, kenging kasèp, botên kasêsa dipasahi. Pun thole benjing yèn êmpun umur

--- 86 ---

wolulas taun, utawi ngajêngake rabine mawon dipasahake, utawi ditatahake pindhah, napa sasênênge larene."

"Iya ta, aku mung nurut bae."

...

Radèn ngantèn: "Mbok Jagakarsa!"

Jagakarsa: "Kula."

"Kowe dak kongkon mênyang Bêjinggan,Bêjingan. kêtêmua mbok Dêntawinangun, sesuk wayah jam sapuluh esuk, dak undang mrene, warahên yèn tak kon masahi putune dèn lara Suwarni, diprêlokna."

"Inggih sandika."

...

Jagakarsa: "Amit, mbok."

Dêntawinangun: "Lo, dêngarèn, awan-awan têka, napa ontên gawene?"

"Ênggih ontên."

"Mang linggih salu gandhok ngrika ta, dhisik, kula tutugne lèh kula mipis jamu niki. ÈntènÈntên. gawene napa?"

"Lampah kula diutus ndara Dèn Ngantèn Bèi Tangkilan, benjing-enjing wanci jam sadasa enjing samang ditimbali mrika, ndikakake masahi kêng wayah dèn lara Suwarni."

"Napa sesuk dinane Lêgi, ta?"

"Ênggih, dintên Sênèn Lêgi tanggal ping gangsal wêlas."

"Kêbênêran ane. Ênggih ta, ndika matur sandika, kula ditimbali."

"Êmpun, mbokayu, kula mang lilani."

"Ênggih."

...

Radèn ngantèn: "Mbok Jagakarsa!"

Jagakarsa: "Kula."

"Mêngko sadhela mbok Dêntawinangun têka, panggonan pamasahan tatanên, ana ing gêdhong gadri wetan bae, gêlarana

--- 87 ---

lampit, banjur klasa pasir, ora susah nganggo babut, banjur tumpangana klasa bangka, banjur plèmèk sungsun sanga sarta sajèn kaya adat: gêdhang ayu, suruh ayu lan njupuka singêbe ndaramu kang luwas bae, dodot ngrèni bathikanku kae, mêngko ginawe ngêmuli dèn lara."

"Inggih sandika."

...

Radèn ngantèn: "Mrenea bae mbok Dêntawinangun."

Dêntawinangun: "Inggih."

"Kok nganti awan lagi têka?"

"Dèrèng pukul sadasa, ndara."

"Apa iya?"

"Inggih."Thèng, thèng ... "Lah punika sawêg mungêl."

"Kowe mau apa wis miranti?"

"Sampun."

"Putumu dèn lara pasahana, nanging mung ginawe sarat bae, aja kongsi kadhisikan sari, mapag siyung utawa pucuking untu. Besuk yèn slamêt lakine bae dipindhokake manèh, yèn isih kowe kang nggarap, pêngên."

"Inggih sandika."

"Ayo ta, mênyang gêdhong gadri wetan kana."

"Sumangga. Kaparingakên bantalipun. - Mangga dèn lara, kula aturi sarean ing pangkon kula ngriki. Kirang lêrês. Sampun, punika kajêng dhadhap srêp sampeyan lathi ing êbam."§ sampeyan cakot ing êbam.

Pucuking siyung sarta untu kakêthok ing tatah sakêdhik, mawi gandhèn alit, lajêng kagosok ing wungkal.

Dêntawinangun: "Sampun, nggèr, sampun brêgas."

Radèn ngantèn: "Apa wis rata, mbok?"

Dêntawinangun: "Sampun, ndara, mangga kula aturi mriksani."

--- 88 ---

"Iya wis kêbênêran. - Mamahana bêras kêncur, ndhuk. lan aja banjur kolêpèh, mutên bae dhisik, cikbèn mari njarêm."

"Kula nuwun, ndara, kula lajêng kêlilan mundur."

"Iyo, mbok, ênya gilo dak sangoni saringgit."

"Inggih, nuwun, ndara."

"Sajèn lan plèmèke iku gawanên kabèh, dadia sidhêkahku aja ana kara-kara, mung dodote bae aja."

"Inggih, nuwun."

Santri Panaraga

Tangkilan: "Ibune, aku iki arêp caturan karo kowe, nanging aja dadi sêling-surupe atimu."

Radèn ngantèn: "Cantênan napa?"

"Aku lan kowe iki rupane kaya wis tinakdir ing Pangeran ingkang maha Agung, yèn ora sugih anak, tandhane anakmu si ndhuk nganti prawan durung bisa duwe adhi."

"Sadasa kêpripun yèn êmpun takdire kêjawi ming narimah. Gadhah anak kalih êmpun jangkêp jalêr èstri botên cacad, sing jalêr bagus, sing èstri ayu, badhe pados napa mêlih, sok ugi lêstantun ginanjar wilujêng, kula êmpun nrimah."

"Karêpku iki iyo mêngkono, nrima paringing Allah, duwe anak loro lanang wadon bêcik-bêcik rupane. Nanging yèn bodho gèk kêpriye? Mangka bodhone iku mung dene saka pakarti pangênjong-ênjongmu, wiwit cilik kongsi tumêka gêdhe ora ana suda-sudamu. Sabên aku elik-elik, kowe banjur kêrèh-kêrèh ora awèh, yèn dak banjurake salin babah dadi padu karo kowe, sarèhning anak sapala aku mung ngalah."

"Lare jalêr sawêg umur kalihwêlas taun, lare èstri sawêg umur sadasa taun, badhe mang pêksa sagêd napa? Pun thole ênggih êmpun ngaos."

"Apa wis tamat ta?"

"Ênggih dèrèng."

"Katam manèh katama, bisa ngunèkake cêtha bae rak durung, [du...]

--- 89 ---

[...rung,] amarga pijêr kêtungkul marang kabungahan, wiwit cilik dhêmên dolanan bênthik, tor, utawa bengkat. Barêng rada gêdhe salin cirak utawa pak-pakan, mawa totohan kêmiri, banjur ngadu kêmiri, ngadu kêcik, mawa totohan dhuwit. Wusana kêlantur kopyok, pêthekan ombak bèji, pasang gimêr sarta picak mêlèk, kabèh iku luput saka kowe dening pangugungmu, sabên njaluk dhuwit kowèhi. Maune nrima sathithik, lawas-lawas njaluk akèh, yèn ora kowèhi wani nêpsu."

Lah kadospundi ta, kêrsa sampeyan, kula êmpun rumaos lêpat, saniki mangsa boronga sampeyan."

"Karêpku si thole saiki arêp dak parakake mênyang pêsantrèn Panaraga kowe dieklas, lawase têlong taun. Yèn slamêt ulihe saka Panaraga banjur dak têtakake sarta banjur dak lêbokake dadi punakawan marang kraton."

"Anua nika kok têbih timên, lan lami timên ngantos tigang taun. Mbok dipadosake sing radi cêlak-cêlakan mawon, kenginga dituwèni."

"Wo, wis ora kêdadian manèh. Mênyang Panaraga iku purihe supaya adoh ora kêna ditiliki, jêbul golèk cêdhak sing kêna ditiliki, dadi padha bae karo sing wis. Asile dilungakake apa, yèn isih kêna ditiliki?"

"Ênggih êmpun ta, mangsi boronga sampeyan."

Sukêran

Radèn ngantèn: "Lo, ndhuk, bokongmu katon têlês-têlês kowe kêna apa, apa nglinggihi banyu? O, la, sukêr, ndhuk, kowe wis prawan têmênan ane. Athik nangis, bocah apa kuwe? Ta wis mênyanga gadri wetan bae. - Bapakne dèn bagus!"

Tangkilan: "Anu apa pêtrèk-pêtrèk ngundang uwong kuwe?"

"Pun ndhuk nggarapsari, lajêng nangis têng gadri wetan."

"Lah wis duwe prawan têmênan, aku. Olèhe ngêdusi besuk kapan?"§ Kala jaman samantên ngungêlakên têtêmbungan kadosdene tiyang kapratêlakakên ing ngriki punika pancèn kaanggêp botên wontên pakèwêdipun.

--- 90 ---

"Yèn êmpun pitung dintên kenging dipun dusi."

"La sajrone pitung dina, apa ora adus?"

"Botên, mung dilulur sarta diparêmi mawon, sêratan ênggih botên kenging."

"Saiba risine, ibune, wong ora rêrêsik awak ing dalêm pitung dina."

"La wong êmpun dados carane kêpripun?"

"Iya ta, mêsthine mono iya dilakoni. Karêpmu kapriye, apa dirowa apa diringkês bae?"

"Pamanah kula mung dipêndhêt prêlune mawon, ngaturi para sêpuh sing badhe ngêdusi, botên susah mawi tamu kados dhèk sunate, ngèngèhane benjing yèn laki."

"Sukur, aku mrayogakake karêpmu iku, aku wis mungkur gangsir, mung sadhiya suguh bae."

...

Radèn ngantèn: "Mbok Jagakarya!"

Jagakarya: "Kula."

"Olèhmu ulêm-ulêm apa wis rata?"

"Pangraos kula kados sampun waradin sadaya, ndara. Eyang-eyang, ibu-ibu sarta mbokayu-mbokayu ijêngandika, tuwin rayi-rayi sampeyan, botên wontên ingkang kalangkungan, badhe sami ndhanganakên rawuh."

"Sukur yèn wis rata mono. Saiki gawea landha mêrang lan banyu asêm kawak, dokokana jêruk purut lan pandhan wangi rajangên sing lêmbut, apa dene kêmbang sing wangi-wangi, lan ing kulah dokokana kêmbang sataman, kutug aja lali."

"Inggih sandika."

"Ing gêdhong wetan sadhiyanana brêsihan lan ratus."

"Punapa botên mawi sadhiyan sêkar ukêl sarta lisah wangi?"

"Anèh kowe kuwi, prawan dianggoni kêmbang tuwin wangi-wangi, apa sadhiyan pangantèn, nganggo mêngkono?"

"E, inggih dhik, kula kêsupèn."

--- 91 ---

"Nuli ing dalêm gêlarana klasa pasir blêg, ing têngah tumpangana babut."

Ênjingipun malih wanci jam sadasa para tamu putri wiwit dhatêng, lajêng satata lênggah wontên ing griya, para sêpuh wontên ngajêng kobong, kasambêtan para nèm kupêng. Sarêng wanci jam sawêlas siyang bidhal dhatêng ing pasêngkêran gêdhong gadri wetan, mêthuk radèn lara Suwarni, lajêng kabêkta datêng ing jamban, dipun dusi, lajêng adus sêkar sataman ing kulah. Sarêng sampun dumugi wangsul dhatêng pasêngkêran malih, rambut taksih têlês ingore. Sarêng sampun radi garing, lajêng dipun ratus, tumuntên dipun gêlung agêng, kaganjêl ing rajangan pandhan wangi, botên kenging mawi sêkar, ginanda wida ing buratwangi. Tumuntên dipun tapihi ing sinjang lêmês, sabuk wala mawi pamêkak madya, rasukan sutra kabayak tanggung, mawi pêniti sungsun tiga, sêngkang orangayu lamba, ali-ali bandhilan ing driji manis sarta jênthikan kiwa, sarta ulan-ulan ing panudhuh têngên, nyangking kacu mawi kênarèn, lajêng dhatêng griya ngadhêp para tamu ingkang sami kasukan.

Têtakan

Saantukipun Radèn Bagus Suwarna saking pondhok pasantrèn Panaraga, ical pugalipun, dados mbangunturut dhatêng tiyang sêpuh, lêmbah manah sarèh kêkajênganipun, têbih saking lampah maksiyatan, kêncêng ngibadhahipun, karêmênanipun marsudi kawruh praja, sadaya dipun sumêrêpi. Kasok sihipun Radèn Ngabèi Tangkilan, dhasar anak jalêr namung satunggal, burus manahipun, kathah kasagêdanipun. Radèn bagus Suwarna sampun umur 16 taun lumampah, sampun wancinipun têtak.

Tangkilan: "Jayanimpuna!"

Jayanimpuna: "Kula."

"Besok Rêbo Lêgi ngarêp iki aku sida duwe gawe nêtakake dèn bagus, lan nylamêti wêtone dèn ngantèn, tumbuk umur

--- 92 ---

33 taun, kowe sadhiyaa abon-abone wong arêp duwe gawe, piridane kaya dhèk sunatan lan dhèk tumbukku, nanging saiki rada undhakana gêdhene tinimbang karo sing uwis."

"Nun ingihinggih. sandika. Tamu kagalih badhe pintên kathahipun?"

"Biyèn elingku ulêm-ulêmku ming têlung puluh, saiki dak arah sèkêt."

"Sok makatêna anggèn kula badhe sadhiya kula indhaki gangsal-wêlasan tinimbang kalihan ingkang sampun, kados sampun dawêg."

"Iya undhakana samono bae wis sêdhêngan."

"Minuman punapa taksih kalêstantunakên mêndhêt dhatêng saudara ijêngandika Tuwan C.van Bronkhorst?"

"Dhèk kowe mbalèkake turahan minuman, akèh rèwèle apa ora?"

"Botên, sae kemawon."

"Pambayarmu nicil sabên pasokan nganti rong taun lagi pundhat, iku akèh pangrêsula lan nêpsune, apa ora?"

"Kok inggih botên, sarta botên nate ngintunakên rekêning, panagihipun namung ngêntosi punapa ingkang sampun dados janji kula. Gêgalihanipun pancèn sae saha sarèh."

"Yèn mêngkono bêcik aja salin-salin langganan, nganti besuk yèn slamêt aku bisa mantu. Karodene manèh kowe ngundanga bong, bêcik sing isih talat tinimbang diblêjog. Yèn nuju barêngan, mangka mênang dhisik pangundange, iku bakal ditêkani dhisik. awit bong iku duwe planggêran, sapa sing ngundang dhisik, iya bakal ditêkani dhisik. Wis ta, nuli tindakna têtukone, lan Si Sastraubaya konên mrene."

"Inggih sandika."

Ulêm têtakan

Tangkilan: "Tra!"

Sastraubaya: "Nun kula."

"Aku gawèkna ulêm têtakan."

--- 93 ---

"Nun iggih sandika. Punapa saèstu benjing Rêbo Lêgi ngajêng punika?"

"Iya."

"Pangandika sampeyan kala wingi, supitan kalihan tingalanipun rayi sampeyan tumbuk yuswa 33 taun, pasamuwanipun badhe kasarêng. "

"Iya, nanging tumbukan iku mung kaya dene nunut bae, dadi klêbu sunat, kang prêlu têtakane, awit tumbukan iku mung jagongan para putri sawatara ana malêm Rêbo ngiras midadarèni têtakan."

"Kulanun, sok makatên ulêmipun mawi sakalihan."

"Ora, ulêm para putri, ulême dèn ngantèn dhewe: tumbukan, kêna ulêm ijoan bae, ulêm kakung ulêmku: têtakan; kudu kamot ing layang."

"Kula asring sumêrêp ulêm têtakan mawi sakalihan."

"Iya akèh sing mêngkono, nanging sabênêre ora, ulêm têtakan mung ngaturi dhayoh lanang, kosokbaline ulêm sunatan, mung ngaturi dhayoh wadon, iku kajaba akrab utawa mitra bêcik."

"Sapunika karsa sampeyan kadospundi?"

"Bênêrên bae, aku ora ngaturi sakalihan."

"Nun inggih sandika."

Sêrat saha ingkang ... Radèn Ngabèi Tangkilan, katur panjênênganipun ingkang ... radèn ngabèi ...

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula ngaturi uninga, manawi sami ginanjar wilujêng ing sadayanipun, benjing ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir punika, kula badhe nêtakakên anak kula jalêr nama pun Suwarna.

Ingkang punika manawi ndadosakên dhanganing panggalih saha sêla padamêlan, benjing dintên Rêbo Lêgi wau wanci jam 6 enjing, panjênêngan sampeyan kula aturi pinarak dhumatêng ing griya kula anguningani risipun,

--- 94 ---

supados angsala barkah pangèstu wilujêng sapanginggilipun, saha mugi kaparênga ngêntosi atur sugata kula sakawontênanipun. Sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat ... Radèn ngabèi…

"Wis kabênêran, mung sêsêbutanku: radèn ngabèi, tulisên: ngabèi, bae, bêcik sing andhap asor."

"Nun inggih sandika. Mênggah undha-usuking pakurmatan dening pêprênahan anèm-sêpuh, kadospundi?"

"Yèn kaprênah bapa: pangabêkti; kakang: taklim; adhi: salam taklim; anak: salam sarta yèn mênyang wong tuwa nganggo têmbung: saha, yèn mênyang wong nom nganggo têmbung: sarta. Sarta nganggo têmbung: katur panjênênganipun ingkang ..., mung kang mênyang kaprênah anak-putu lihên: katur dhumatêng ingkang ... bae. Pacakên saiki, yèn wis rampung arêp banjur dak tèkên lan dak capi pisan."

"Nun inggih sandika. Sapintên wiyaring panêkukipun krêtas badhe panggenan asma?"

"Têkukên mrapat."

"Nun inggih. Êngêt kula kala têtêsan kados botên mawi asma."

"Bênêr, ulêmku dhasar tanpa cap, mung tèkên bae, iku nuduhake yèn lêlênggahan partikêlir, mung mangagêm dhêstharan, rasukan bêskat.bêskap (dan di lain tempat). Dene yen ulêmku nganggo cap, iku nuduhake lêlênggahan dhinês, mangagêm kulukan, rasukan sikêpan."

"Têka mawi kabeda têtêsan kalihan supitan, punapa putra kakung kalihan putri punika?"

"Ora mêngkono, beda dening dhayohe, sunatan dhayoh wadon, aku ora milu-milu nêmoni, kosokbaline têtakan dhayoh lanang, dèn ngantèn ora milu-milu nêmoni."

--- 95 ---

Agêm-agêman jagong

"KulaKala. panjênêngan sowan jagong supitan dhatêng kliwonan rumiyin punika kados ngagêm rasukan sikêpan agêng."

"Iku seje manèh, abdi dalêm panèwu-mantri yèn seba jagong mênyang dalême lurah bêkêle (wadana kaliwon) lan mênyang dalême para Kangjêng Pangeran, riya tuwin mayor, nganggo sikêpan gêdhe: sadhengaha gawe. Kosokbaline prayagung wadana kaliwon rawuh jagong mênyang omahe priyayi panèwu mantri ngagêm sikêpan cilik: yèn mantu; sarta ngagêm bêskat: yèn têtakan tuwin sunatan."

"Para kangjêng pangeran punapa inggih makatên?"

"Ora, para kangjêng pangeran putra santana dalêm sarta riya panji wayah buyut-dalêm, ngagêm dhêsthar rasukan takwa; para mayor, kaptin, opsir, kulukan, sikêpan, sawênèh ngagêm cara Walanda grut têni (groot tenue) ."

"Manawi priyantun panèwu mantri pinarak jagong ing griyanipun abdi dalêm lurah, bêkêl, jajar, mangandhapipun pisan dhatêng griyanipun tiyang alit, punapa wontên bedanipun?"

Beda-bedaa, jagong mênyang omahe kanca lurah, bêkêl, jajar, iyo kulukan, nanging klambine kêna bêskat, kosokbaline kanca lurah, bêkêl, jajar, ora kêna nganggo bêskat, kudu sikêpan. Jagong mênyang omahe sudagar (wong cilik), mung ikêt-ikêtan bae."

"Kulunun, sèstu damêl ulêm 50?"

"Iya."

Punapa botên ngaturi prayagung wadana kaliwon?"

"Saiki ora, besuk yèn slamêt rabine bae, mung ngaturi kyai lurah lan kyai bêkêl, iku wajib sarta bakal dak sowani dhwe,dhewe. tanpa layang ulêm. Wis ta, nuli garapên. Si Baukarya konên mrene."

"Inggih sandika."

Krobongan têtakan

Tangkilan: "Baukarya!"

Baukarya: "Kula."

--- 96 ---

"Gawea krobongan têtakan, mung klawan gêbêr bae, ana wetan pandhapa, adêg-adêg pring wulung maju pat tanpa payon, mawa sunduk rangkêp, dhapur pasagi, lawangane ana wetan, ing kulon pêpêt, lor kidul gêbêre diwingkis ing têngah bênêr, dadi katon saka ing jaba. Ing wetan dokokana tuwuhan sakêmbaran, rutên karo cagaking krobogan,krobongan (dan di tempat lain). ing têngah gêlarana lampit, banjur tumpangana klasa pasir, banjur babut cilik. Saburining babut pasangana dhingklik patêtakan, banjur tumpangnanatumpangana. plèmèk, besuk midadarèni lèkana sawêngi, gilirana karo kancamu bêkêl, kaum kene Ki Amad Sêmangi iya konên milu ngêlèki. Sajène dokokên kiwa-têngêning dhingklik."

Kacariyos sampun samêkta saupakartinipun tiyang gadhah damêl. Kirang tigang dintên lare ingkang badhe têtak kasêngkêr wontên ing lojèn, botên kenging kesah-kesah, katêngga para sêpuh, sarta dipun lulur. Sarêng sampun dumugi dintên badhe risipun, wanci jam 4 enjing sampun adus kungkum wontên ing kulah, supados mirut daginging ikutipun, nyakêdhikakên wêdaling rah. Sarêng sampun rampung anggènipun adus kungkum, sarta sampun mawi pasatan, lajêng dipun dandosi: gêlung kadhalmènèk turut kuping, rinêngga sêsotya, mangangge sinjang lêmês, nanging anggènipun bêbêdan kawalik, pangasihipun wontên kiwa, ubêding sabukipun wala dhawah wontên wingking. Namung timangipun ingkang taksih wontên ngajêng, mawi rangkêpan sêmbagi abrit tadhah êrah sampun ngantos ngèngingi sinjangipun lêmês. Tanpa rasukan, mawi borèh garutan.

Ing wanci pukul 6 enjing tamu wiwit dhatêng sêsarêngan, sakêdhap ing pandhapa sampun jibêg kêbak tamu. Tumuntên lare ingkang badhe têtak kawêdalakên saking griya, dipun irid ing akrabipun, kasowanakên dhatêng pangagênging tamu lajêng dipun suwunakên ngabêkti (ujung) . Rampung ngabêkti lajêng kemawon dhatêng patêtakan, dipun grubyug ing para tamu sapandhapa sami ngadêg wontên sangajênging krobogan, tumuntên salah satunggaling priyantun sêpuh ingkang sugih

--- 97 ---

anak putu kaaturan mangku dhatêng lare ingkang badhe têtak, ngalap barkah supados katularan sugih anak-putu. Linggih wontên ing dhingklik patêtakan, mripating lare katutupan ing tangan saking wingking dening priyantun sêpuh sanèsipun. Bong sampun wontên ngajênging lare, ndhodhok, lajêng miyak bêbêd, pajalêran kacêpêng, ikutipun kadudutan, lajêng dipun lêbêti sujèn dêling, tumuntên dipun japit ing sujèn dêling kêkalih saking jawi, angsal daging sangadhapipun sogok wau, ndadosakên kêncênging daging ingkang badhe kabêlèk. Dening kacêpit ing japit kêkalih sagêd mêjahakên raos, botên kraos dipun iris. Tumuntên dipun japani, lajêng kêbêlèk kalayan lading gapit alit. Sogok wau dados langgênaning pambêlèk.§ Kala jaman samantên ngungêlakên têtêmbungan kadosdene tiyang kapratelakakên ing ngriki punika pancèn kaanggêp botên wontên pakèwêdipun. Rampung anggènipun nêtaki, lare dipun kèn ngadêg lajêng lumampah, tètèsing rah dipun tadhahi ing cangkir slaka, sarta lajêng dipun pasangi cêngkal, mawi nyêpêng kêbut kangge ngêbut lalêr. Jampinipun nama kecekan§ Lisah klêntik dipun wori brambang mêntah kairis-iris, sarta pathining têmu irêng, têmugiring ingkang mêntas dipun parud. pawèhing bong. Lare têtak têdhanipun kêdah apik, botên kenging crêbak. Manawi nêdha, lawuhipun namung kalihan ulam paru sarta sarêm gorèng.

Para tamu sami wangsul lênggah ing pandhapa, pisêgah minuman lumados, lajêng lênggah dhahar wontên samadyaning pandhapa, mawi kondhisi; sapisan: wilujêngipun lare ingkang têtak; kaping kalih: wilujêngipun ingkang gadhah griya; kaping tiga: wilujêngipun para tamu; kaping sakawan: wilujêngipun karaton dalêm. Lajêng among suka tayuban utawi kasukan, sontên bibaran. Dalunipun ringgitan purwa.

Ngemah-emahakên anak

Ing ngandhap punika rêringkêsan lampah-lampahipun tiyang badhe ngemah-emahakên anak.

--- 98 ---

Bapakipun lare jalêr, ingkang rumiyin pados padikan lare èstri, anaking priyantun utawi sudagar ingkang babag kalihan pangkating kalênggahanipun, utawi minggah-mudhun, punapa ingkang dados sênênging manahe tiyang sêpuhipun, botên kenging kapêksa saking pamilihing lare. Bilih sampun pikantuk, lajêng nglampahakên congkok. Congkok punika tiyang ingkang lêbda wicara pamiluta sarta pangalêm, kados ta: ngalêm dhatêng saening warni tuwin kalakuanipun lare, saha ngalêm dhatêng saening panganggêp tuwin bèr budining tiyang sêpuhipun. Manawi sugih dipun umukakên kasugihanipun.

Bilih anggènipun ngrêmbagakên sagêd kacondhongan, lajêng nontoni, bapa-biyungipun lare jalêr sarta mbêkta akrabipun jalêr èstri sawatawis, martamu dhatêng ing griyaning bapakipun lare èstri, lare jalêr kabêkta.

Tamu jalêr dipun panggihi wontên ing pandhapa, tamu èstri dipun panggihi wontên ing griya, namung kasêgah wedang, sarta botên kenging rêraosan bab pikramèn, namung ginêman sanèsipun kemawon.

Tumuntên bapakipun lare èstri ngacarani dhatêng bapakipun lare jalêr: malêbêt dhatêng ing griya, sêngadinipun kapanggihakên kalihan bojonipun, utawi sêngadi kasêrêpakên ing griya. Inggih lajêng malêbêt ing griya namung kalihan akrabipun ingkang wajib, lare jalêr tumut.

Salêbêtipun lêlênggahan wontên ing griya, tumuntên lare èstri ngladosakên pawohan dhatêng ngajênging tamu èstri, lajêng wangsul kemawon. Ing ngriku bapa biyung sarta akrabipun lare jalêr sami maspaosakên warninipun lare èstri, lare jalêr inggih tumut ningali, nanging ingkang kathah: isin, namung ningali saklebatan kemawon. Dene lare èstri namung tumungkul botên ningali sintên-sintên, trêkadhang wontên ingkang nangis, dening rumaos lingsêm dipun tingali ing akathah.

Para tamu wau sarêng sampun antawis lajêng sami pamitan mantuk, sarta prakawis punika lajêng karêmbag dhatêng para akrabipun, sayogi kasiyosakên utawi botên.

--- 99 ---

Manawi pangrêmbagpunpangrêmbagipun. gilig kasiyosakên, lare jalêr mawi katantun utawi tinakènan punapa rêmên dhatêng lare èstri ingkang dipun tingali wau. Manawi rêmên, wangsulanipun amung miturut punapa sakajênging tiyang sêpuhipun. Tiyang sêpuhipun lare jalêr lajêng damêl sêrat panglamar. Dene manawi panantunipun wau dipun wangsuli botên rêmên, tiyang sêpuhipun lare jalêr botên mawi prasabên panampik, namung lajêng kèndêl kemawon, inggih punika pratandhaning panampikipun.

Tiyang sêpuhipun lare èstri namung kèndêl, ngêntosi sêrat panglamaring tiyang sêpuhipun lare jalêr. Manawi panglamaripun katampèn, dipun wangsuli: suka. Sarta manawi gadhah kêkudangan tuwin gadhah panêdha samuwaning margi, dipun pratelakakên wontên ing dalêm sêrat. Dene manawi panglamaripun wau katampik, dipun wangsuli: larenipun èstri dèrèng purun imah-imah, utawi dipun wangsuli: pinanggihing petanganipun wêdalan botên sae. Dene manawi bapakipun lare jalêr botên suka sêrat panglamar, punika tandha panampik, bapakipun lare èstri inggih sampun sumêrêp sarta lajêng kèndêl.

Manawi kadadosan rêmbagipun, lajêng ningsêti. Tumuntên bapakipun lare jalêr gadhah panêdha dhatêng bapakipun lare èstri, dhaupipun katêdha wontên salêbêtipun wulan anu.

Tiyang sêpuhipun lare èstri mangsuli: sampun mrayogèkakên wontên ing wulan anu wau, sarta katêdha kalampahanipun wontên ing dintên anu.. Dene manawi ing wulan anu wau botên nyondhongi, kenging darbe pamilih wulan sanèsipun.

Ing dintên badhe dhauping pangantèn, kirang sadintên, ing wanci siyang nglampahakên sasrahan, ing wanci sontên masrahakên pangantèn, dalunipun midadarèni.

Enjingipun badhe nikah, punika bapakipun lare èstri nyêrêpakên dhatêng anakipun wau yèn badhe dipun imah-imahakên angsal bagus anu. Adat lare èstri bilih dipun tantun laki

--- 100 ---

botên mangsuli, namung tumungkul kalihan uwik-uwik siti, ngantos patrap makatên punika dipun anggêp ing kalimrahan purun dipun lakèkakên. Sanajan ing batos botên purun, inggih sampun dipun anggêp purun.

Ing wanci siyang nikah manut saat ingkang prayogi. Ing wanci sontên panggihing pangantèn.

Manawi panggihing pangantèn wontên ing griyaning tiyang sêpuhipun lare èstri, saha lajêng kagondhol sanalika, nama: ngundhuh mantu. Manawi lajêng kèndêl ngantos sapêkên, nama: nyantri.

Manawi panggihing pangantèn wontên griyaning tiyang sêpuhipun lare jalêr, punika rabi triman wayah buyuting ratu, pangantèn èstri mêdal saking karaton, katampèn wontên ing ngandhap êlo pamagangan, ingkang jalêr mawi mandhi waos.

Katrangan:

1. Jaka-prawan, nama tigas.

2. Prawan angsal dhudha sêkar: pangantèn èstri nyiram tumpêr wontên têngah kori. Kosokwangsulipun jaka angsal walanjar, pangantèn jalêr nyiram tumpêr wontên têngah kori.

3. Pangantèn kapanggih sadhèrèk misan, isarat mawi madung pipisan, nanging sanginggiling pipisan dipun dèkèki tumpêng, dados ingkang kawadung: tumpêngipun.

4. Mantu bubak-kawah (mantu anak pambajêng), patrap-patrapipun sami kemawon kados salimrahipun, namung kaot mawi rujak lêgi kalihan rujak dêgan dados kalih wadhah. Bibar panggih dipun ladosakên dhatêng pangantèn sakalihan sarta bapa. Ingkang mitakèni biyung, têmbungipun: "Bapakne, sing kurang apane?"Wangsulanipun: Wis ora ana sing kurang, wis enak, wis manis. "Lajêng pangantèn èstri dipun pitakèni kados ing nginggil wau, uga mangsuli kados bapakipun.

5. Mantu tumpak-ponjèn (mantu anak wuragil, dados sampun têlas-têlasan), patrapipun sami kemawon kados salimrahanipun, [sa...]

--- 101 ---

[...limrahanipun,] namung isining ponjèn kaisenan anggi-anggi kalihan yatra pêthak, yatra abrit sapêpakipun. Utaminipun mawi yatra mas, punika dipun sokakên wontên sangajênging pangantèn, lajêng dipun rêbat dhatêng pangantèn sadhèrèkipun, pundi ingkang angsal kadhahkathah. nelakakên yèn badhe kathah bêgjanipun. Nanging yatra wau botên lajêng dipun pêndhêt, dipun wangsulakên dhatêng ponjèn malih.

6. Mantu ngundhuh pangantèn, panggihing pangantèn wontên griyaning bapakipun pangantèn èstri. Sasampunipun panggih, lajêng kagondhol dhatêng griyaning bapakipun pangantèn jalêr. Mila ing kina midadarèni ngajêngakên panggihing pangantèn, sasampune ing griyanipun lajêng suwêng,suwung. dumuginipun griyanipun pangantèn jalêr, ing ngriku agênging pasamuwanipun. Enjingipun wangsul dhatêng ing griyaning bapakipun pangantèn èstri, sapêkênipun wangsul dhatêng ing griyaning bapakipun pangantèn jalêr malih, têrus ngantos dumugi salapan dintên, lajêng mantuk dhatêng griyaning bapakipun pangantèn èstri, nama: bibar salapan, sampun botên wontên petangan malih..

Salêbêtipun salapan dintên botên kenging kêkesahan têbih ingkang nglangkungi lèpèn, amung among raras karasikan.

7. Mantu nyantri, bibar panggih sarta sasampunipun bibar bujana, bapa biyung sarta akrabipun pangantèn jalêr sawatawis sami martamu (njagong) tanpa dipun suruhi, inggih lajêng dipun panggihi ing besanipun. Sarêng pangantèn jalêr sampun njogèd, lajêng mantuk tanpa pamit.

Lêt kalih dintên, bapa biyung sarta akrabipun pangantèn jalêr sawatawis tuwin mawi mbêkta sangu sêkul, ulam, panganan, têmbungipun: ngirim, lajêng katêdha kangge pisêgah.

Manah jodhoning anak

Tangkilan: "Aku ora nyana pisan-pisan yèn si thole saiki dadi pangalêmaning akèh, dhasar nyata bagus, lêmbut bêbudène, sugih kapintêran."

--- 102 ---

Radèn ngantèn: "Kula rumaos bêgja saantuke saking pondhok pasantrèn Panaraga manahe dados sae sangêt, ajrih dhatêng tiyang sêpuh, botên mogèl kul, rintên dalu ontên ing langgar ndêrês kur'an. Sok ngantos kula susul, kula kèn bingah-bingah, botên purun. Kula sukani arta, botên ajêng, malah karêmênane mulang ngaji têng adhine. Saniki si ndhuk êmpun baut ngaji."

"E, e, aku ora krungu. Sukur ta, yèn wis baut ngaji. Ing atase aku ora liwat mung sukur ing Allah anggonku nêmu bêgja, anak loro padha mbangun turut marang wong tuwa. Sarèhne anakmu karo pisan mau wis padha diwayah, prayoga nuli dipikir jodhone."

"Mangga mawon, kula ming ndhèrèk sakarsa sampeyan."

"Karêpku, si thole arêp dak sêngkakake turune, balia kaya suwargi eyang mênggung."

"Kados eyang mênggung kêpripun?"

"Eyang mênggung iku olèh triman putri wayah dalêm, putrane pambarêp pak gêdhe Kliwon Mangunonêng, nggêntosi kalênggahane eyang, nanging mung pinangkat kliwon. Panggulune bapak, iya uga dadi kliwon, ganjaran kêtrima olèhè bisa nyêkêl kraman. Dadi bapak iku isih buyut dalêm, aku canggah, si thole warèng. Mulane si thole isih disêbut radèn, dening warèng mau, iku wus kasêbut ing layang adhêling kraton."

"La ênggih, karsa sanpeyan wau kêpripun?"

"Si thole biyèn arêp dak rabèkake putri, sukur olèh wayah dalêm sing kêpering, orane aja kongsi kurang saka buyut."

"Kula êmpun ndèrèk karsa sanpeyan niku, pandêngan sampeyan pundi?"

"Kangjêng Pangeran Dhandhun Martèngsari, pangrunguku isih kagungan putra ragil putri, saka priyayi Radèn Tasikwulan, wis diwasa. Sanajan saka ampeyan, wayah-dalêm, sasat padha bae karo sing saka padmi."

"Sagêde kalampahan kêpripun, wong pandêngan kalih srêngenge?"

--- 103 ---

"Iya pinikir kapenake, saiki kudu nglakokake dom sumurup ing banyu dhisik, iku ana ing aku. Wis ta, mujia bisane klakon bae, dak rêmbuge karo kang Mandangjaplak, kae botoh jago kêkasihe kangjêng pangeran."

Tangkilan kalihan congkok

Tangkilan: "Mang maju mawon kang."

Mandangjaplak: "Nun inggih. wontên karsa sampeyan punapa nimbali sontên-sontên?"

"Botên ontên gawene, mung ajêng kula jak omong-omongan mawon, lawas si kakang botên kêtêmu-kêtêmu kula."

"Inggih wiwit panjênêngan sampeyan kèndêl botên rêmên sawung, mèh kalih taun punika."

"Mèmpêr, nanging nèk dhêmêne, têsih, mung ngadu, lèrèn."

"Punapa panjênêngan sapunika botên nyêngkêri sawung?"

"Ontên niku loro, nanging botên pati bêcik, mung lagi lowung mawon."

"Punapa dèrèng kenging kawêdalakên?"

"Ayake dèrèng, awake dèrèng pati waras, lan dèrèng pati otot, lagi kula cobi ping pindho."

"Sapunika kasêngkêr wontên pundi?"

"Ontên ngèmpèr pêndhapa niku napa. - Kênthi-Wiri, jago kuwe gawanên mrene siji edhang, arêp ditonton kang Mandangjaplak."

Kênthi-Wiri: "Nun inggih."

Mandangjaplak: "Kene, le, siji-siji bae, gêntèn. - Wah, sawung patohan punika, jangkêp pêthèkipun. Punika wêdalan ing pundi?"

"Sing wido awar-awar niku wêton gunung Mrapi, sing abang sana mung wêton ing Gayamprit ngriku mawon."

"Sasat sami kemawon, ing Gayamprit klêbêt sukunipun

--- 104 ---

rêdi Mrapi, sami panggenanipun sawung sae. Ingkang wido awar-awar punika damêlipun punapa?"

"Apik niku, ngêmbun, yèn digêbug bayar."

"Pamanah kula sampun kenging kaabên, cêpênganipun sawung sampun saras, sarta sampun otot kuwawi dipun gêbag. Namung ingkang abrit sana, dèrèng kenging kaabên, ototipun taksih kirang."

"Sukur, yèn mang arani jago bêcik, botên kêmba olèh kula akon ngopèni."

"Manawi kaparêng ingkang wido prayogi kawêdalakên dhatêng ing kambêngan, kula ingkang mbotohi."

"Mbok ênggih, nanging kula sumêlang nèk têsih wêdi ing lara. Wani kula mung nêmpil ing pangarêp kemawon: limang rupiyah. Kalihdene mêlih saniki kula êmpun wêdi totohan okèh."

"Prayogi, ing kambêngan mangsa kiranga ingkang tumut notohi. Ingkang mawi sapunika ragi jirih, tiyang dèrèng mêsthi kawon."

"Ayang, gawok-gawok, kang, wong botohan. Yèn kêbanjur kalah sok banjur manasi. Mburu kalahe, ênggih yèn kêcandhak, yèn botên saya jujul-wuwul. Beda kalih totohan sathithik, mung sênêng-sênêng. Kalangane saniki ing pundi?"

"Ingkang agêng inggih taksih kambêngan lami ing Martèngsarèn."

"Kangjêng pangeran kok lawas botên kagung-kagungan gawe mêlih, napa êmpun êntèk putrane?"

"Inggih, sampun lami botên kagungan damêl, nanging putra taksih satunggal putri wuragil, dèrèng mêntas."

"Napa êmpun olèh ênggon?"

"Pamirêng kula kados dèrèng. Ingkang nyuwun inggih sampun kathah, nanging sami katulak sadaya, awit ndara ajêng punika kalêbêt dados galih dalêm, dipun trêsnani,

--- 105 ---

mbokmênawi saking wuragil punika. Karsa dalêm, sagêda pikantuk lare ingkang bagus sarta sugih kasagêdan."

"Upama anak kula kêpripun, kang, napa bisa klêbu?"

"Duka sampeyan punika, dèn bèi. Punapa putra sampeyan ingkang rêmên kasukan rumiyin punika?"

"Ênggih, nanging saniki êmpun ilang babarpisan labête dhêmên ngabotohan. Saulihe saka ing pondhok pasantrèn Panaraga malik dadi santri, kêncêng ngibadahe, sabên bêngi ndêrês kur'an. Lah nika sing krungu saka ing ngriki ngaji ontên ing langgar. Kalihdene mêlih, sabên esuk saba têng Sastrajendran, nyuwun barkah sinau kasusastran Jawa, ngèlmu alam lan kodrat, napa dene palak. Kula eram gêlise pintêr, kula saniki rumasa kalah. Kêjaba mêkotên, kabèh kawruh praja dicaki, têng jogèd, dhèk bocah êmpun tau kula lêbokake wirèng; têng gêndhing, wong duwe gamêlan dhewe malah bisa nabuh; têng katuranggan ênggih ngrêti, dhasar wiwit cilik mula êmpun kêndêl nunggang jaran. Saniki saya baut maguru têng Pak Bèi Talikapa, sabên Rêbo-Sêtu milu têgar, wêruh têng têtali. Dalah wêsi aji, digurokake. Têng gada-gitik main tangan lan main pêdhang, anggar, plorèt, sêkadrum, batonir, bisa kabèh. Gurune okèh, sumurup kula sabên habis bulan kula nampani rekêning bayaran, kula tanpa takon mung banjur kula bayari kalawan sênênging ati."

"Kalêbêt bêgja panjênêngan sampeyan, kagungan putra alitipun murang sarak, agêngipun dados mbangun turut. Ingkang kathah asring kalajêng mursal. Punapa karsa sampeyan wau kenging kula damêl rêraosan wontên ngarsa dalêm kangjêng?"

"Ênggih dhasar karêp kula mêkotên, nanging mang arah-arah ampun nganti kengis saka karêp kula dhisik, mung saka karêp samang dhewe. Yèn katon mênga bakal kula lêboni, kula ajêng seba caos bêkti dhisik. Sukur bisa kalih dèn ngantèn, sarta ngaturi pèni-pèni sing ndadèkake parênge panggalih dalêm."

--- 106 ---

"Karsa sampeyan punika kula mrayogèkakên sangêt, benjing-enjing bibar kambêngan, kula angkah-angkah lajêng badhe ngadhêp wontên ngarsa dalêm. Manawi katingal padhang langitipun, kula munjuk rêraosan bab wau punika."

"Ênggih ta, mangsa bodhoa kapenake. Mung yèn êmpun klakon munjuk mawon banjur mang mriki, besuk samang kula bungahake."

"Ingkang makatên punika botên kula manah, dèn bèi, namung sok ugi sagêd kalampahan manah kula sampun bingah. Rumaos kula kados mêndhêm kasaenan ingkang botên ical ing salami-laminipun."

"Dhasar ênggih mêkotên, niku kabêcikan sing botên kêna ilang."

"Manawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula lajêng kalilan mundur."

"Ênggih kang. Jago kula sida kêpripun?"

"Janji sampun kaparêng, gampil. Manawi sagêd benjing kambêngan ngajêng kemawon kula suwun."

"Ênggih bêcik."

Dêmang Malang kalihan bojonipun

Radèn Dêmang Malang: "Ibune!"

Mas Ajêng: "Ontên napa?"

"Kapriye kang dadi kênthêle atimu prakara anakmu si thole? Sarèhning wis akil balèg, bêcik nuli dipikir jodhone, apa mênyang putri, apa mênyang anaking priyayi, apa mênyang anaking sudagar."

"Kula ngotên tiyang èstri, mênthine ming miturut napa sakarsa sampeyan, awit purbawisesa ontên sampeyan."

"Wis bênêre mêngkono, nanging luwih bêcik rinêmbug ing wong loro, dadi ora kêparan tutuh."

"Sayêktose kula kiyambak ênggih ngraosake bingung, rabi putri ontên paribasane: nyunggi lumpang kênthèng, dening botên sagêd nyambut damêl napa satatane tiyang gêgriya, damêle ming wêdhak pupur. Mangka tiyang jalêr niku botên sagêd

--- 107 ---

marêm ming ningali ayune mawon, kêdah nêdha diladosi sarta dipanci-panci têdhane. Sing adhakan watêking putri niku kathah purune têng tiyang jalêr, sarta botên èrèp têng tiyang sêpuh, basa ênggih botên purun, dening rumaos mênang asli."

"Aku wis kêrêp krungu paribasan rabi putri diumpamakake: nyunggi lumpang kênthèng, nanging durung sumurup têgêse."

"Kula mêlih mangêrtosa, samang sing ahli budi botên mangrêtos."

"Apa anggêr wong ahli budi sumurup marang apa-apa? Kang dak gagas kuwi karêpe bae kêpriye?"

"Kintên kula cara Jawi, tiyang nyunggi lumpang kênthèng êmpun mêsthi yèn awrat, tur aube ming sakêdhik."

"Hah, saiki aku wis nyandhak karêpe. Wong rabi putri olèhe diumpamakake: nyunggi lumpang kênthèng iku, têgêse: ora kêna sinangga miring, kudu mêrtasami, tur undhaking kajèn-kèringe sing lanang ora sapiraa."

"Kados ênggih mêkotên."

"Lah saiki kêpriyè kang dadi kêncênging atimu? Sarèhning wong rabi putri yèn ora mêrtasami, têtela abot, apa rabi anaking priyayi, apa anaking sudagar?"§ Gambaripun tiyang ingkang sawêg mêndêm dhatêng kapriyantunan.

"Yèn têng anaking sudagar kula êmpun botên mathuk thok thok mawon, awit tiyang bêbojoan kok tansah prakawisan sadintên-dintên. Paribasane ontên: "Wèkmu: wèkku; wèkku: wèkku dhewe. Yèn sing jalêr botên nyukani blanja ênggih siyos nglikik botên nêdha. Kalihdene mêlih watêk sudagar niku botên gadhah antêp têng tiyang jalêr, botên kenging kêcuwik amale. Anggêr sing jalêr kirang sêmbada, ênggih cêpak pêgatane."

"Ah, giris aku kuwe. Wis ta, golèk anaking priyayi bae, anake kang Bèi Dhêlong sing panggulu, kae durung laki. Sing pambarêp wis laki olèh mas Bèi Warak, rupane bêcik bisa nyambut gawe. Kowe rak iyo wis wêruh ta?"

--- 108 ---

"Ênggih êmpun, nanging sanajan priyantun, mas Bèi Dhêlong niku budine ênggih kados sudagar, anak-anake sami dikèn nyambut damêl mêdal gantos, utawi kuwadean, sawênèh bêbakulan, budine sami mawon kalih sudagar. Yèn priyantun utami botên ajêng bêbesanan kalih mas Bèi Dhêlong."

"Bênêr kandhamu iku, nanging jaman saiki ora mêngkono. Akèh sing padha milih rabi sudagar, paribasane ana: bisa nyangga wangkong."

"Ênggih ming ontên ucap-ucapan mawon, yêktine botên. Sok ontêna priyayi rabi sudagar, awake ênggih klêbu ing utang, kapêksa miturut sakarêping wadon, yèn botên miturut ênggih bakal klêbu ing buwèn, dening pambantinge sing wadon, njaluk balining dhuwite kang pinotangake. Sayêktose kula kêpingin bêbesanan kalih priyantun, sapisan: sami kaluhurane, dadose aji-ingajenan, têbih têng pasulayan; kaping kalih: anaking priyantun niku kathah sing susila, sarta kathah kasagêdane, bêkti ing laki, ajrih têng tiyang sêpuh. Dene sing kula kêpingini gadhaha besan kados Dèn Ngantèn Tangkilan, watêke andhap asor, rumakêt têng pasanakan, pambêkane utami, sêpi têng pamrih, Ga sampeyan, dèn bèine, kula mangsa têranga."

"O, yèn Dèn Bèi Tangkilan iku pikirè mbludag bangêt, sak ndara. Aku wis tamat. Apa duwe anak wadon ta?"

"Gadhah ming satunggil, sawêg nêdhêng-nêdhênge birai, wêrnine sae tanpa cacad. Dhèk sunate kula rak ênggih jagong mrika, sapriki êmpun langkung gangsal taun. Samang êmpun kêsupèn?"

"O, iya, saiki aku eling, malah ulihmu saka jagong lagi têkan ing pringgitan ngalêm ayune bocah iku."

"La ênggih."

"Karêpmu iku aku wis rujuk. Saiki tak nglakokake congkok dhisik, kang Mugên kae wong lobokan, mau wis dak undang, nanging prakara jago. Mêngko dak bobotane rêmbug iki pisan, ayake bisa, awit marang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan têpung bêcik."

--- 109 ---

Dêmang Malang kalihan congkok

Panakawan: "Punika Ki Mugên sowan, wontên ing pandhapa."

Dêmang Malang: "E, dene lagi dak-rasani, têka. - Wis ta, ibune, mêmujia bae bisane klakon karêpmu iku. Tak nêmoni kang Mugên dhisik. - Majua mrene bae kang."

Mugên: "Inggih."

"KaweKowe. mau apa kabênêran ana ing omah, tak undang gêlis têka?"

"Inggih."

"Dhèk wingi sore aku wêruh kowe mangetan, mênyang ngêndi?"

"Sowan rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan."

"Ana gawemu apa?"

"Botên wontên damêlipun, namung prêlu kaparingan sumêrêp angsal sawung kêkalih saking rêdi Mrapi."

"Apa bêcik?"

"Sae."

"Mulane kowe tak undang, ana pitakonku sathithik, mênawa kowe sumurup."

"Punapa ingkang kadangokakên?"

"Putrane wadon adhi Radèn Ngabèi Tangkilan kae, apa durung olèh ênggon?"

"Dèrèng, nanging pamirêng kula sampun dipun sawèni dhatêng Kangjêng Pangeran Dêmang Tanpanangkil, badhe kapundhut ampil, amargi warninipun sae, antêng-jatmika kathah kasagêdanipun. Karsa sampeyan ndangu?"

"Iya ana, saiki kêpriye?"

"Kok kèndêl."

"Sababe?"

"Kula kirang têrang. Pandugi kula sande, amargi kangjêng pangeran badhe krama pikantuk putri dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta."

--- 110 ---

"Coba kowe tak kongkon, nanging isih laku sandi. Yèn parêng, putrane iku tak suwun dhewe, tak dhaupake karo anakku pambarêp thole Sarjana. Yèn wis mênga, bakal tak têmbung kalawan layang. Nanging traping têmbungmu samarên bae, aja ngêblak kaya kandhaku iki."

"Inggih sandika, mênggah karsa sampeyan punika punapa tumuntên?"

"Yèn bisa iyo mêngkono."

"Sok makatên lajêng kenging kula lampahi ing samangsa-mangsanipun, pados sêlaning padamêlan sarta nawang langitipun bilih nuju padhang."

"Iya mêngkono, nanging olèh gawe utawa ora, aku nuli wèhana kabar."

"Saèstunipun makatên, namung manawi wontên pitakenanipun rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan, putra sampeyan punika punapa dèrèng mêndhêt sêlir?"

"Wo, si thole iku tani bêntil, ora mogèl kul, nduwêl ana ing ngomah bae, dalah ngrasani wong wadon ana sangarêping wong tuwa: ora."

"Meda sanèsipun?"

"Iya ora duwe. Ora saka ngalêm marang anak, mung satêmêne bae. Dalah mênyang jago iya ora dhêmên, mangka aku kiyi dhêmên bangêt, ora beda kaya kowe mono."

"Sukur manawi makatên."

Ngabên sawung

"Kowe mêngko apa mêtokake jago mênyang kalangan?"

"Inggih."

"Jago sing êndi?"

"Pun Genjong."

"Apa wis pulih awake?"

"Kados sampun, têlihipun manawi enjing sampun kothong, ulatipun sampun mblèngèr."

--- 111 ---

"Aku mbok nêmpil pangarêp limang rupiyah bae, arêp milu dhewe lagi akèh pagawean."

"Sumangga."

"Ênya gilo tampanana saiki bae têmpilaku."

"Inggih. Mangke mênawi tarunge wontên unggulipun mawi kawangsulakên punapa botên?"

"Ora, aku iki botoh bodho, molak-malik iku ora bisa. Mulane mung baku ana ing jago bae, yèn jago kang dak iloni mênang, ngukup; kalah, dikukup. Beda karo botoh sing pintêr, jagone kang diiloni katon bakal kalah, banjur malik totohan unggul, tibaning ngêndon bisa mênang dhuwit. Aku ora bisa mêngkono."

"Kasinggihan dhawuh sampeyan punika, nanging mênawi wontên sawung molak-malik, botoh-botoh kathah ingkang bilai, têlas yatranipun dening ngiwa nêngên kawon."

"Iya, dhasar kuwi sing dak singkiri, mulane totohanku mung pathok bangkrung bae."

"Sampun siyang, kula lajêng kalilan dhatêng ing kambêngan."

"Iya, mêngko aweha kabar."

"Inggih. - Êndi le, jagone?"

Panakawan: "Kula sêngkêri wontên ngandhap prèh."

"Jupukên mrene."

"Inggih. - Mênika."

"Mau apa wis kobanyu?"

"Sampun."

...

Mugên: "Êngga mang tandhing, mas."

Mandangjaplak: "Niki rak Si Genjong, ta?"

"Ênggih, nanging awake dèrèng pati waras."

"Mangsa, ulating jago mèngèr-mèngèr mêkètên dêrêng waras. Tandhinge Si Genjong ming kalih Si Mèsêm."

"O, nèk kalih Si Mèsêm biyèn mula kula wêdi."

--- 112 ---

"Sing mang wêdèni napane, padha dhuwure, padha gêdhene."

"Ênggih, ning kalah otot."

"Tobat, tobat kalah otot kêpripun? Dadi otote Si Genjong kaya wêsi gligèn niku kalah?"

Botoh: "Êmpun, mas, mang wanèkake, kula nêmpil pangarêp satus."

"Kula rongatus."

"Aku limang atus."

Mugên: "Pangarêpe pintên, ta?"

Mandangjaplak: "Mung kalih ewu mawon."

"Ênggih ta, yèn mung sêmontên kula wanèkake. - Panjênêngan dalêm namung kalih atus kemawon, ndara, amargi kala wau kula nampèni têmpilan pangajêng saking ingkêng kakang Mas Ngabèi Wijamantri saringgit, saking ingkêng kakang Radèn Dêmang Malang gangsal rupiyah."

"Iya, sakaduman-kadumane bae."

"Kula nêmpil pangarêp mèlu Si Mèsêm, têlung atus."

"Kula rongatus."

"Kula satus."

"Ênggih-ênggih, liyane êmpun botên, mêngke kula dhewe kapiran botên uman totohan. - Êngga, mas, mumpung têsih awan padha nuli dibanyu."

"Êngga. - Tukokna sêga pulên, le, aja sêga angêt."(Kadamêl nêdhani sawung bilih badhe dipun abên, dipun kêpêl-kêpêl panjang lajêng dipun lolohakên) .

"Êmpun, mas?"

"Êmpun."

"Cul playu?"

"Cul playu."

"Iya. Bae Mèsêm, bae Mèsêm."

"Asor-apit."

"Unggul têlu-patan."

"Asor limalasan."

--- 113 ---

"Satus, satus, kula limalasi."

"Satus."

"Rongatus."

"Ênggih rongatus."

"Ora, ora. - Pun Genjong kajalingan. - Tak apite, tak limane."

"Puluhan asor."

Sawung lajêng kacêpêng wontên ing têngah kambêngan, têgêsipun: nêlasakên banyon, namung kantun sapisan punika, Pun Genjong lajêng dipun toya, makatên ugi mêngsahipun, lajêng dipun umbar. Pun Genjong kluruk, tandha botên lirip manahipun. Lajêng kathah botoh ingkang sami asor, rame tarungipun gêntos inggil, gêntos asor. Pun Genjong malês njalingi sarta jalunipun tumancêp ing mata, pun Mèsêm kabur lumajêng têrus kawon. Surak mbata rubuh.

Pangeran kalihan congkok

Pangeran Dhandhun Martèngsari: "Mandangjaplak!"

Mandangjaplak: "Nun kula."

"Aja mulih dhisik, milua aku arêp dak jak omong-omongan."

"Nun inggih sandika."Batosipun: "Kêbênêran iki ane, pancèn arêp seba malah ditimbali. Bakal ora kawanguran karêpku."

"Linggihan ing jaba bae, Plak, kene isis."

"Nun inggih."

"Olèhmu totohan katon bikut têmên?"

"Kasinggihan dhawuh dalêm, amargi sawung ingkang kula botohi, ing ngajêng unggul, lajêng asor malah lajêng badhe kawon. Kula lajêng malik tumut sawunging mêngsah."

"La sidane kêpriye, bisa mênang apa ora?"

"Sagêd, abdi-dalêm piyambak namung kantun mênang saringgit, dening sampun kêkathahên toh numuti sawung ingkang kawon. Kala mêngsahipun kajalingan, abdi dalêm lajêng malik asor gangsal wêlasan sarta apit. Nanging sarêng sawunging mêngsah gêntos unggul, abdi dalêm kula lajêng malik malih

--- 114 ---

nggangsalwêlasi sarta ngapit. Sarêng nglarug lajêng abdi dalêm rungkêbi pisan, niga-gangsal, niga-nyakawan, nggangsal ngantos dumugi nyadasa, mila taksih sagêd mênang saringgit. Punika sanèsipun têmpilan."

Wong kowe prigêl, mulane arang kalah. Beda karo aku, yèn jago molak-malik sing ana mung bingung. Sing cêpak dhêmên asor, mulane kêrêp kalah. Yèn dhêmên unggul koyo kowe, rasaning atiku êmar. La wong dhuwit sadhuwit, kok dipadhani suwang, puluhan iku."

"Tiyang sanès botoh, gusti, umanipun abdi dalêm punapa?"

"Wis lawas Dèn Bèi Tangkilan ora tau nglurug ngadu jago mrene, apa wis ora dhêmên jago?"

"Taksih rêmên, malah mêntas pikantuk sawung enggal kêkalih wêdalan saking rêdi Mrapi, sae pêthèkipun. Rêraosanipun badhe dipun saosakên ing panjênêngan dalêm, radèn ngabèi namung badhe tumut notohi kemawon, awit ngopèni piyambak sampun botên sagêd kobêr. Kalihan badhe manakawanakên anakipun jalêr."

"Munakawanake kêpriye?"

"E, kulunun nyuwun ngalap barkah sinau sêkar agêng kalihan gêdhing saha jogèd dhadhapgêlas tuwin dhadhapkareta."

"Yèn mung mêngkono bae aku bisa. Pira sing arêp diajarake anake?"

"Kulunun abdi dalêm Radèn Ngabèi Tangkilan, anakipun jalêr namung satunggal."

"Anak wadon?"

"Gadhah, inggih namung satunggal, sêpuh ingkang jalêr, dados nama: gêdhana-gêdhini.§ Gêdhana-gêdhini: ing Sêrat Pustakaraja, kaca 172, nama gêdhana-gêdhini, punika lare lair mêdal kêmbar sami èstri. Dene kalimrahanipun ingkang winastan gêdhana-gêdhini wau sadhèrèk namung kalih jalêr-èstri, sarta ingkang sêpuh jalêripun. Mila anakipun jalêr sangêt dipun gala-gala, winêlêg ing piwulang, kenging winastan putus dhatêng sawarnining kasagêdan, dhasar bagus warninipun."

--- 115 ---

"Aku kêpengin marang kandhamu iku sumurup marang anake Radèn Ngabèi Tangkilan. Yèn mrene konên ngajak."

"Nuwun inggih, sandika."

"Bubaran, Plak."

"Nuwun."

Tangkilan kalihan congkok

Tangkilan: "Kang, gêlis têmên bali, lagi rong dina napa êmpun klakon seba têng kangjêng pangeran?"

Mandangjaplak: "Klêrêsan, dèn bèi, kala wingi bibar ngabên sawung, kula kaandhêg kakarsakakên omong-omongan wontên ing plataran. Kula lajêng masang gêlar sandi upaya, botên katawis pisan-pisan yèn ngandhut wadi. Warninipun kangjêng pangeran sampun klêbêt ing gêlar, kagungan sampeyan sawung prayogi tumuntên kaaturakên. Saya prayogi malih, bilih panjênêngan sampeyan sarta Radèn Bagus Suwarna tumuntên kalampahan sowan."

"Bênêr karêpe si kakang niku, malah prayogane jago niku bêcik kula dhewe mawon sing ngaturake, si thole milu iring-iring kula. Nanging utamane kangjêng ajêng kula saosi têkên bungkul gadhing yasan kula dhewe, pantês kagêm ing wong gêdhe."

"Punika saya prayogi malih. Karsa sampeyan sowan benjing punapa?"

"Saniki dinane Rêbo, kula arah besok êmbèn dadi ontên malêm Sêtu. Si kakang milua, sêmayan mawon jam papat êmpuna ontên ing regol."

"Inggih sandika. Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan, kula sampeyan lilani mundur."

"Ênggih, kang."

...

Tangkilan: "Lo, kadingarèn kowe têka mrene, kaya wis lawas têmên ora katon-katon, apa lara?"

--- 116 ---

Mugên: "Botên, mêntas saking nglampahi ayahan dalêm nyadran dhatêng Giri ngantos sawulan sawêg mantuk."

"Apa bisa nyambi golèk kêcik?"

"Sagêd, angsal sakanthong, nanging kathah ingkang awon."

"Yèn aku dhewe, kêcik Giri iku ora dhêmên, awit mungsuhe iyo kudu padha Giri, apêse Jarak."

"Kala wau kula sumêrêp putra sampeyan dèn bagus, kula pandung, kok enggal têmên katingal sampun jaka."

"Iya. Barêng mêntas têtak iku awake banjur ndêdêl kaya diububi."

"Sampun pintên umuripun?"

"Yèn umure mono durung pati akèh, lagi pitulas taun mlaku, wis koarani jaka mung dene longgor. Witne adhine wis ngungkuli kakangne."

"Punika sampun limrah manawi lare èstri enggal agêng tinimbang lare jalêr. Punapa sampun kagalih jodhonipun putra sampeyan dèn bagus?"

"Uwis, nanging durung karuwan dadine."

"Kula namung ngajêng-ajêng tumuntênipun klampahan."

"Nanging yèn bisa arêp dak barêng karo adhine, iku yèn cêpak jatukramane."

"Punapa dèrèng wontên ingkang ngraosi?"

"Wis akèh, nanging aku durung rujuk, malah wis disawèni karo Kangjêng Pangeran Dêmang Tanpanangkil, arêp dipundhut ampil, aku ora nyaosake, amarga rasaning atiku anak wadon dadi sêlir iku abot, iyo yèn kêbênêran olèh sihing gusti, yèn ora mundhak klara-lara, yèn dadi randha ora payu laki. Ana paribasane kae: kênthang-kênthang kaya randhaning satriya."

"Raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang kados kagungan pangeran pati, bagus warninipun, kathah kasagêdanipun sarta botên gadhah meda. Punapa dèrèng matur rêraosan dhatêng panjênêngan sampeyan?"

--- 117 ---

"Kok durung. Dhèk aku barêngan tungguk kae rasanan ngalêm putrane, nanging ora pati tak tanggapi."

"Saupami panjênêngan sampeyan sagêd klampahan dados besanipun raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, saiba bingah kula, sasat bunci rangkêp, mrika kalêrêsan, mriki dipun alêm."

"Prakara jodho iku dudu gaweaning manungsa, atas saka karsaning Pangeran. Upama kangmas Dêmang Malang kêpengin dadi besanku, aku mung sukur ing Allah, muga-muga kasêmbadana."

"Sakyêktosipun kula punika dipun boboti raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, manawi kaparêng saha sinêmbadan dening pangayubagyanipun para sêpuh, raka ijêngandika badhe manakawanakên putranipun pambajêng nama Radèn Bagus Sarjana, mugi dadosa pamomongipun putra sampeyan radèn lara Suwarni. Murih botên kuciwa ing sêmu, bilih sampun ndadosakên condhonging panggalih, raka ijêngandika sakalihan badhe pinarak mriki, nyowanakên ingkang putra Radèn Bagus Sarjana."

"Karêpmu iku kapasangyoga yèn dhasar tinakdir jodho. Kapasangyogane: amarga aku lagi mikir jodhone si thole, ananging niyatku arêp dak golèkake momongan putri, sarta gawene arêp dak barêng karo adhine. Coba dak rêmbuge karo dèn ngantèn dhisik mênyang omah, êntènana sadhela."

"Inggih."

...

Tangkilan: "Ibune!"

Radèn ngantèn: "Kula."

"Ana rêmbug yèn kowe condhong, kang Mugên mrene, dhapur dikongkon karo kangmas Dêmang Malang, nakokake anakmu si ndhuk."

"Napa sampeyan êmpun priksa larene?"

--- 118 ---

"Uwis, dhèk isih ngaji mênyang Jamsarèn, aku sok wêruh yèn nuju mlaku-mlaku esuk, rupane gajêge bêcik. Iku yèn aku lan kowe wis awèh, si ndhuk arêp ditontoni. Ênggonku banjur nggampangake rêmbug iku marga kapasangyoga. Kapasangyogane: dene karêpku, yèn si thole bisa nuli olèh jodho, arêp dak barêng pangêntasku."

"Napa sampeyan batar ubuh? Rak botên sae?"

"Donok, bata rubuh mono yèn têmu barêng. Iki ora mêngkono karêpku: si thole têmu dhisik ana ênggoning besan, sapasare tak undhuh. Nanging karo nêmokake si ndhuk, dadi ngundhuh sapasar karo nêmokake pangantèn, aran: banyu mili."

"La lare niku anak sêpuh napa nèm?"

"Anak tuwa, pangeran pati. Yèn anak nom, sanajan bêcika rupane, aku mangsa awèha, mêsthi banjur tak tulak bae."

"Kula ênggih êmpun mrayogèkake karsa sampeyan niku, tiyang gadhah anak èstri cekat-cèkêt nuntêna angsal jodho. Kalihdene malih nontoni niku botên dados napa, yèn rujuk wêrnine: lajêng; yèn botên: ênggih sande, awit dèrèng ontên sêrate panêmbung. Siyos sandene ming kêtitik saking sêmu."

"Yèn mêngkono rêmbug iki kêna dak wangsuli saiki."

"Pamanggih kula ngotên."

"Wis ta, tak mêtu. - Kang, wis dak rêmbug karo dèn ngantèn, prakara karsane kangmas dêmang arêp pinarak mrene sakalihan, wong sadulur, ora ana pakewuhe, ora jalaran mêngkono iya kêna bae. Dene bisaku nampani besuk dina Slasa tanggal ping patbêlas, nuju purnama wayah jam pitu sore. Kondure kangmas ora pêtêngan. Taklimku bae aturna."

Mugên: "Nun inggih. Kula lajêng kêlilan mundur."

"Iya, kang."

Pangeran kalihan Tangkilan

Tangkilan: "Suwarna!"

Suwarna: "Nun kula!"

--- 119 ---

"Dandana, le, milua aku dak sebakake marang Kangjêng Pangeran Panji Dhandhun Martèngsari, arêp dak suwunake barkah sinau marang têmbang gêdhe lan gêndhing, apa dene matêngake jogêdmu dhadhap."

"Nun inggih sandika."

Salêbêting batos Radèn Bagus Suwarna bingah, dening angsal wêwah paguron. Nanging botên nggraita bilih badhe dipun pitontonakên. Karêmênanipun Radèn Bagus Suwarna botên mangangge sarwa enggal, mangangge sarwa luwas, nyêngkanipun masêm, nanging gumrining damêl rêsêpipun têtiyang ningali. Taksih kadhalmènèk, maruwun sinomipun barèh dening botên tinata. Wulukalong kêtêping palarapan taksih wêtah, botên risak dening birai, têtela yèn taksih wêtah dèrèng misik wanodya. Radèn Ngabèi Tangkilan lajêng mangkat numpak siyas. Radèn Bagus Suwarna ngampil lopak-lopak wontên bak ngajêng. Dumugi ing regol Martèngsarèn mudhun, Ki Mandangjaplak sampun dhatêng ngrumiyini wontên ngriku.

Tangkilan: "Êmpun suwe kang, samang wau?"

Mandangjaplak: "Sawêg dhok kemawon, dèn bèi, katungka panjênêngan rawuh?"

"Kêbênêran ane. Kangjêng napa êmpun lênggah?"

"Tingalipun sampun, wontên èmpèr pandhapa iring wetan punika, adat pinarakanipun wontên ing ngriku. Lah punika sampun katingal wontên panakawan ngadhêp."

"Nigulo, jagone digawa ing punakawan kula loro, napa banjur digawa mlêbu barêng?"

"Inggih dèn bèi, lajêng kabêkta sarêng kemawon, botên wontên pakèwêdipun."

"Êngga ta."

"Mangga."

...

Dhandhun Martèngsari: "Lo, Dèn Bèi Tangkilan, majua kene bae Dèn Bèi."