Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 120-191)

Katalog:Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60
Sambung:
1.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 001-059). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #266.
2.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 060-119). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #924.
3.Tatacara, Padmasusastra, 2602, #60 (Hlm. 120-191). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #925.

--- 120 ---

Tangkilan: "Nuwun inggih sandika."

"Mbok kolinggihi lampite, mêstèr iku anyêp, yèn wong ora tahan linggih ing anyêp, sok banjur masuk angin."

"Nuwun inggih."

"Lawas olèhmu ora mrene, dhèk kalangan dina Rêbo kapungkur iki kowe dak rasani karo Si Mandangjaplak."

"Kulunun inggih, nanging, abdi dalêm kula romaos gêla sakêdhik."

"Gêla apa?"

"Kulunun dipun rumiyini ing atur dhatêng abdi dalêm pun kakang Mandangjaplak, yèn abdi dalêm kula badhe ngaturi pisungsung sawung abênan."

"Iya, dèn bèi, aku dikandhani."

"Dados atur kula punika sampun cêmplang."

"Mangsa, padha bae."

"Sarèhning sampun ontên unjukipun abdi dalêm pun kakang Mandangjaplak, dados abdi dalêm kula namung munjuk ngaping kalihi kados unjukipun pun kakang wau kemawon. Ananging murih ragi sêdhêpipun unjuk kula, kula ngunjukakên pisungsun malih awarni lantaran kajêng timaa sêmbur wêdalan ing Lodaya, garan sarta pucukipun gadhing damêlan kula piyambak. Sanajan botên pantês kagêm dening tanpa rêrênggan sêsotya, ananging punika tapak-tangan kula piyambak, prasasat sêmbah kula botên oncad wontên ing ngasta dalêm salaminipun."

"Kaya apa gawèhanmu têkên?"

"Kulunun, punika."

"Kourungi sutra kuning?"

"Kulunun dipun cêpêng manawi rêgêd."

"Wa, apik têmênan, dèn bèi, gawehanmu. Apa iki tapak-tanganmu dhewe?"

"Nuwun inggih."

"Ngungkuli gawean Eropah."

--- 121 ---

"Tiyang panggarapipun namung sasêlot-sêlotipun kemawon, têkên satunggal punika rampungipun langkung sataun."

"Jagone êndi?"

"Kulunun, punika."

"Apik kabèh, dèn bèi pêthèke. - Rak iya ta, Plak?"

"Nuwun inggih."

"Panakawan!"

Panakawan: "Nuwun kula."

"Jago loro iki paringna marang Si Lurah Satarêksaka, konên ngopèni sing bêcik, sesuk arêp dak coba."

"Nuwun inggih sandika."

Sadangunipun ngandikan, kangjêng pangeran tahsah mirsani dhatêng Radèn Bagus Suwarna, ngalêm salêbêting batos. Osikipun: "Nyata bocah iki bêcik rupane, alus solahbawane, tajêm polatane, jatmika sugih wêweka, patut sugih kapintêran, katitik saka liringe mêngku kasujanan. Sarta prasajaning panganggone, ora bêsus, nanging ora ekroh, tur rêsikan."

"Kula nuwun, gusti, pisowan kula ing panjênêngan dalêm, kajawi saos bêkti lami botên sowan, manawi wontên kaparêngipun panggalih dalêm, abdi dalêm kula kamipurun nyuwunakên barkah, pun Suwarna mugi kalunturan sih piwulang dalêm sêkar agêng, gêndhing sarta jogêd dhadhap."

"Apa wis ana sing dibisani?"

"Kula nuwun, sadaya sawêg nama lumampah, namung kenging kadamêl pawitan nampèni dhawuh dalêm."

"Ora ana pakewuhe, dèn bèi, aku mituruti panjalukmu iku, amarga ing kene sabên malêm Sênèn wirengan, malêm Kêmis klênengan, ngiras ngajar bocah-bocah nabuh utawa nêmbang gêdhe. Iku anakmu konên mrene banjur nunggala karo bocah-bocah mau."

"Nuwun inggih sandika."

"Anakmu iku umure wis pirang taun?"

--- 122 ---

"Kulunun, pitulas taun mlampah punika. Anggèn kula nêtakakên kala taun ingkang sawêg kapêngkêr punika, dados umur nêmbêlas taun mlampah, têtêpipun sawêg gangsal wêlas taun."

"Isih bocah ane. Mungguh bocah têtak umur limalas taun iku, sêdhêngan, ora kêgêdhean, ora kêcilikên. Aku biyèn rada kêgêdhèn, umur pitulas mlaku lagi ditêtakake."

"Kula nuwun, mênggahing kula rêmên kagêngên, tinimbang kalihan taksih kalitên. Ewadene kathah-kathahipun tiyang wontên ingkaningkang. rêmên kalitên. Sawêg umur kalih wêlas taun, sampun dipun têtaki."

"Iku malah dadi bungkik, ndadak mangsa, arane. Ora bêcik tumraping bocahe kang nglakoni, wijine isih ênom. Bubaran, dèn bèi."

"Nuwun sandika."

Pangeran kalihan Suwarna

Kacariyos Radèn Bagus Suwarna, sabên Sênèn-Kêmis ing wanci sontên sowan dhatêng Martèngsarèn, sinau jogèd, sêkar agêng sarta gêndhing, limpad ing panggraita, punapa ingkang kawulangakên lajêng sagêd ngungkuli kanca-kancanipun. Kasok sihipun kangjêng pangeran, Radèn Bagus Suwarna winêlêg ing kramaniti. Wontên ingkang karaos ing galih: badhe kapundhut mantu, nanging taksih sinandi.

Kangjêng Pangeran: "Suwarna!"

Suwarna: "Kula nuwun."

"Ênggonmu sinau njogêd dak tonton kaya wis akèh kang klêbu, saiki kowe dak surupake anane jogêd-jogêd mau kabèh kaya ta:

1. Tamèng-towok, kang njogêd wong loro, gêgamane iya tamèng-towok, gêndhinge kalaganjur salendro pathêt sanga.

2. Lawung-gêdhe, kang njogèd wong papat, gêgamane tumbak, pêdhang suduk, gêndhinge liwung salendro padhêtpathêt. nêm.

--- 123 ---

3. Gêlas-gêdhe, kang njogèd wong papat, kang loro nyêkêl gêlas, kang loro nyêkêl gêrgêlèk, gêndhinge kagok madurasa salendro pathêt sanga. Iku dhèk jaman Mataram, panjênêngane eyang Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga.

4. Laras-panji, njogêd ijèn, nganggo rimong, gêndhinge sumêdhang pelog pathêt nêm. Iku dhèk jaman Kartasura, panjênêngane eyang ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II.

5. Laras panji-ênom, kang njogêd wong loro, ora nganggo cêkêlan, mung sondhèr, gêndhinge Sobrang pelog pathêt barang.

6. Dhadhap-kanoman, kang njogêd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap wayang Sêtyaki, gêndhinge Rangsangtuban, pelog pathêt barang.

7. Dhadhap-kareta, kang njogêd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap wayang Samba, gêndhinge Sêgaran, pelog pathêt nêm.

8. Tamèng-glèlèng, kang njogêd wong papat, gêgamane kêris sarta tamèng, gêndhinge Jongmèru-kudus, slendro pathêt manyura.

9. Tamèng-badhung, kang njogêd wong papat, gêgamane kêris sarta tamèng, gêndhinge Kadhatonbêntar, slendro pathêt nêm.

10. Panah-gêdhe, kang njogêd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge Lèngkèr pelog pathêt nêm. Iki wis jaman Surakarta nanging awal, isih panjênêngane eyang mau.

11. Dhadhap-Karnatinandhing, kang njogêd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap wayang Suryaputra, gêndhing Playon pelog pathêt barang.

12. Dhadhap-alus, kang njogêd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap kêmbangan tanpa wayang, gêndhing Playon pelog pathêt lima.

13. Lawung-cilik, kang njogêd wong papat, gêgamane lawung, gêndhinge Êmbat-êmbat pênjalin, slendro pathêt nêm.

--- 124 ---

14. Panah-cilik, kang njogêd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge Ladrang-sêmang pelog pathêt nêm.

15. Gêlas-cilik, kang njogêd wong papat, kang loro nyêkêl gêlas, kang loro nyêkêl gêrgêlèk, gêndhinge Boyong slendro pathêt manyura, iku anggitan dalêm eyang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV.

16. Astra-kusuma, kang njogêd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge Gandakusuma, munggah clunthang, slendro pathêt sanga, iku anggitan dalêm Pakubuwana VIII, nalika isih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi.

17. Panah-Arjunawijaya, kang njogêd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge Ladrang-winangun, pelog pathêt barang, iku anggitan dalêm Pakubuwana IX.

18. Wirèng-bandabaya, kang njogêd wong papat, gêgamane pêdhang-kêstul, nganggo tamèng, gêndhinge Bindri, slendro pathêt sanga, iku anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana IV ing Ngayogyakarta.

"Kula nuwun, liya punika punapa sampun botên wontên malih?"

"Isih akèh anggitane para agung, nanging mung ngowahi kêkêmbangane bae, sarta sinalinan arane, nanging bakune ora owah."

"Kula nuwun, mênggah pathokanipun sinau sêkar agêng, punika kadospundi?"

"Iku rada ana gampange, kang prêlu mbisakake marang apalan sawiji, yèn wis apal banjur nitèni kèh-sathithiking aksara pêdhotane, ora mawang guru lagu, awit têmbang kawi tanpa guru lagu, anggêr wis bisa ngelingi marang kèh-sathithiking pêdhotane, iya wis bisa ngunèkake."

"Punapa kathah cacahipun sêkar kawi?"

"Akèh bangêt sarta aku ora apal."

"Ingkang panjênêngan dalêm èngêti kemawon saha lampahipun, abdi dalêm kula kapingin sumêrêp."

--- 125 ---

"Cathêtana bae ta, dadi ora lali."

"Nuwun inggih sandika. - Abdi-dalêm kula kêrêp mirêng dhawuh pangandika-dalêm ingkang kadhawuhakên ing abdi-dalêm anggandhèk dhumatêng bêndara kangjêng radèn adipati, punika abdi-dalêm kula inggih kapingin sumêrêp."

"Aku ora pati têrang, kuwi, gajêge bae mangkene:

Tingalan dalêm pawukon

Gandhèk: "Radèn adipati, timbalan dalêm (uluk-uluk, isih ngadêg; kangjêng radèn adipati isih lênggah) ."

Kangjêng Radèn Adipati: "Inggih sandika (banjur padha ndhodhok) ."

"Radèn Adipati Sasradiningrat!"

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan ajat dalêm ancak canthoka, tingalan dalêm pawukon, sarta pakênira dongakna dhatêng mas pangulu. Yèn sampun kadonganan wilujênge panjênêngan dalêm, pakênira bagea ingkang warata saabdi-dalêm sadaya."

Tingalan dalêm wiyosan

"Radèn adipati, timbalan dalêm."

"Inggih sandika."

"Radèn Adipati Sasradiningrat!"

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan ajat dalêm jatingarang tingalan dalêm wiyosan, sarta pakênira dongakna dhatêng mas pangulu. Yèn sampun kadonganan wilujênge panjênêngan dalêm, anuntên pakênira bagea ingkang warata saabdi-dalêm sadaya."

Tingalan dalêm panjênêngan

"Radèn adipati, timbalan dalêm."

"Inggih sandika."

--- 126 ---

"Radèn Adipati Sasradiningrat!"

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan ajat dalêm tumpêng sèwu, tingalan dalêm panjênêngan, sarta pakênira dongakna dhatêng mas pangulu. Yèn sampun kadonganan wilujênge panjênêngan dalêm, anuntên pakênira bagea ingkang warata saabdi-dalêm sadaya."

Kulawisudhan pangeran putra

"Radèn adipati, timbalan dalêm."

"Inggih sandika."

Radèn Adipati Sastradiningrat!"

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan uninga, yèn karsa dalêm samangke putra dalêm bandara Radèn Mas Surati kakarsakakên nama Bandara Pangeran Angabèi. Pakênira mupakatna saabdi-dalêm ing Surakarta sadaya."

Kulawisudhan pangeran santana

"Radèn adipati, timbalan dalêm."

"Inggih sandika."

"Radèn Adipati Sasradiningrat!"

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kêpatêdhan uninga, yèn karsa dalêm samangke, sasedanipun Bandara Pangeran Arya Pakuningrat, ingkang kakarsakakên anggêntosi putranipun kakung ingkang sêpuh nama Radèn Mas Lamun, kapatêdhan nama Pangeran Arya Pringgalaya. Pakênira mupakatna saabdi-dalêm ing Surakarta sadaya."

Kulawisudhan wadana kliwon santana

"Radèn adipati, timbalan dalêm."

"Inggih sandika."

--- 127 ---

"Radèn Adipati Sasradiningrat."

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, satilaripun abdi dalêm Radèn Ngabèi Pringgadipura, ingkang kakarsakakên anggêntosi lêlampahanipun Radèn Ngabèi Pringgadipura wau, sêntana dalêm ingkang nama Radèn Mas Salatun, kapatêdhan nama Radèn Mas Ngabèi Bratadipura, pakênira dhawuhna, yèn sampun kadhawuhakên, pakênira mupakatna saabdi-dalêm ing Surakarta sadaya."

Kulawisudhan wadana kaliwon kawula

"Radèn adipati, timbalan dalêm."

"Inggih sandika."

"Radèn Adipati Sasradiningrat."

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, satilaripun abdi dalêm Radèn Ngabèi Wangsanagara, anakipun jalêr ingkang nama Samsir, kinulawisudha kajungjung saking ngandhap, kasêngkakakên ing aluhur kakarsakakên anggêntosi lêlampahanipun bapa Radèn Ngabèi Wangsanagara wau, kaganjar nama nunggaksêmi Radèn Ngabèi Wangsanagara. Dhawuhing timbalan dalêm, pakênira dhawuhna, yèn sampun kadhawuhakên, pakênira mupakatna saabdi-dalêm ing Surakarta sadaya."

Sênèn-Kêmis sarta Sêtu marang paresidhenan

"Tuwan residhèn, ijêngandika kapatêdhan tabe dalêm, ingkang tabe Kangjêng Ratu Pakubuwana, ingkang tabe Kangjêng Ratu Agêng, ingkang tabe Kangjêng Ratu gusti Pangeran Adipati Anom Mangkunagara, ingkang tabe rayi-rayi-dalêm, putra-putra-dalêm, kakung-putri sadaya, lan malihe tuwan residhèn, ijêngandika kapatêdhan uninga yèn ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, karsa (boya) miyos."§ Gambaripun nagari ingkang kajajah ing liyan bangsa.

--- 128 ---

Maringake nawala marang kangjêng radèn adipati

"Radèn adipati, timbalan dalêm."

"Inggih sandika."

"Radèn Adipati Sasradiningrat."

"Kula."

"Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan sêrat."

Nawala kasapit ing sungu kaampil ing tangan têngên: sipat rai, lajêng kasaosakên kangjêng radèn adipati, dhatêng priyantun nggandhèk piyambak. Kangjêng radèn adipati lajêng wangsul ing pinarakanipun. Priyantun anggandhèk kadhawuhan lênggah wontên ing lampit. Sasampunipun sêrat kawaos, kangjêng radèn adipati ngandika: "Kanca gandhèk, kowe tak wangsuli."

"Aturipun: "Nuwun sandika."

Lajêng sami majêng saking lampit wangsul andhodhok malih.

"Kanca gandhèk, manira kapatêdhan sêrat, unjuk sêmbah manira: nuwun sandika."

"Ênggèh."

Nawala marang Ngayojakarta

Satêkane praja dalêm ana ing nagara Ngayojakarta, njujug ing Kadanurêjan, têmbunge:

"Radèn Adipati, Danurêja."

"Kula."

"Kula suka uninga ing ijêngandika, yèn kula mundhi nawala dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, konjuk ingkang sinuhun kangjêng sultan. Konjukipun kula sumangga ing ijêngandika."

"Inggih sandika."

"Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, kula nyaosakên ingkang tabe kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta Adiningrat, katur ing panjênêngan sampeyan.§ Gambaripun nagari ingkang kajajah ing liyan bangsa.

--- 129 ---

Ingkang salam taklim Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur ing panjênêngan sampeyan.

Ingkang taklim prayayi bupati wadana ing Surakarta Adiningrat, jawi lêbêt sadaya, katur ing panjênêngan sampeyan."

Gandhèk lajêng kairid ing Kangjêng Radèn Adipati Danurêja dhatêng ing loji kasowanakên ing kangjêng tuwan residhèn. Gandhèk lajêng matur:

"Tuwan residhèn, ingkang tabe ingkang sinuhun kangjêng susuhunan dhatêng ing ijêngandika.

Ingkang tabe kangjêng ratu ... (garwa); ingkang tabe kangjêng ratu ... (ibu); ingkang tabe kangjêng ratu ... (putra); ingkang tabe Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, dhumatêng tuwan residhèn. Kalihdene malih lampah kula mundhi nawala dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, konjuk ingkang sinuhun kangjêng sultan, konjukipun kula sumangga ing ijêngandika.

Kangjêng tuwan residhèn, kula nyaosakên ingkang tabe kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta Adiningrat, katur kangjêng tuwan residhèn.

Ingkang tabe Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur kangjêng tuwan residhèn.

Ingkang tabe priyayi bupati wadana ing Surakarta Adiningrat, jawi lêbêt sadaya, katur kangjêng tuwan residhèn."

Nawala dalêm lajêng katampèn ing kangjêng tuwan residhèn, saking prikanca anggandhèk. Enjingipun katur.

Sasampunipun wontên ing ngarsa dalêm, prikanca anggandhèk lajêng dipun atag dhatêng kangjêng radèn adipati, têmbungipun:

"Nêdha prikanca anggandhèk, pakênira matura."

"Ênggèh."Lajêng nyêmbah kaping kalih sarta lajêng matur:

--- 130 ---

'"Kula nuwun, ingkang sinuhun kangjêng sultan, ingkang salam donga rama dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, konjuk ing panjênêngan dalêm.

Ingkang salam eyang dalêm, konjuk ing panjênêngan dalêm; dhumatêng ingkang eyang dalêm kangjêng pustigusti. pangeran adipati.

Kula nuwun, ingkang salam donga eyang dalêm konjuk ing panjênêngan dalêm; dhumatêng rayi dalêm kangjêng ratu; dhumatêng ibu dalêm kangjêng ratu.

Kulo nuwun, ingkang salam donga ibu dalêm kangjêng ratu.

Kulo nuwun, ingkang taklim putra dalêm kangjêng ratu.

Kulo nuwun, tabenipun tuwan residhèn ing Surakarta Adiningrat, konjuk ing panjênêngan dalêm."

Kangjêng sultan mangsuli pangandika dhumatêng kanca anggandhèk, pangandika-dalêm:

"Eyang prabu, apa padha sugêng?"

"Kula nuwun, sugêng."

"Apa ing mêngko kalangênane eyang prabu?"

"Kula nuwun, sawêg ngarsakakên nggladhi abdi dalêm badhaya srimpi."

Nontoni

Dêmang Malang: "Majua bae, kang."

Mugên: "Nun inggih. Kulunun sampun kula kautus sowan rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan, lampah sandi, botên ngêblag bilih panjênêngan utus, namung saking kajêng kula piyambak, dados namung ngangge têmbung saupami. Sarêng sampun katingal mênga, lajêng kula prasajakakên pisan yèn lampah kula wau panjênêngan utus. Rayi sampeyan sampun ndhanganakên, nanging sampun ngantos kuciwa ing sêmu, kêdah sami nguningani dhatêng larenipun rumiyin."

"Iku sing luwih prayoga. - Ibune!"

Mas ajêng: "Kula."

"Mrenea sadhela."

"Ontên damêle napa nimbali?"

--- 131 ---

"Tak kandhani, kang Mugên olèhe tak kongkon laku sandi marang Tangkilan, olèh gawe."

"Napa êmpun dirêmbag pindhah?"

"Uwis, nanging saiki kudu mrêdhayoh mrana ing wayah sore. Kowe lan aku sarta nggawa akrab lanang wadon sawatara, si thole dijak diwêruhake marang bocahe."

"Kula kêdah suka sêrêp têng sanak sadhèrèk kriyin, dijak mrêtamu têng Tangkilan."

"Bisamu besok kapan?"

"Benjing Anggara Kasih mawon tanggal kaping 7, rêmbulane êmpun inggil."

"Iku aku mathuk. - Gulo, kang Mugên, bisane mrana mas ajêng besok Nggara Kasih, banjur prasabêna marang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan."

"Inggih."

Kyai Mugên lajêng dhatêng ing Tangkilan, prasabên yèn benjing ing dintên Anggara Kasih wanci jam 7 sontên, badhe katamuan Radèn Dêmang Malang sakalihan sarta mbêkta akrabipun jalêr èstri sawatawis. Radèn Ngabèi Tangkilan inggih lajêng sadhiya.

Kacariyos sampun dumugi dintên Anggara Kasih, wanci satêngah pitu Radèn Dêmang Malang saanak bojo sarta akrabipun sawatawis saèstu anuhoni janji dhatêng ing Tangkilan. Ki Mugên botên kantun.

Tangkilan: "Mangga, kangmas, lajêng kemawon."

Tamu jalêr kapanggihan wontên ing pandhapa.

Dêmang Malang: "Inggih."

"Saking dalêm kemawon?"

Mitambuh kados botên sêmadosan.

"Inggih."

Radèn ngantèn: "Mangga lajêng kemawon, mbakyu."

Tamu èstri kapanggihan wontên ing griya.

Mas ajêng: "Inggih."

--- 132 ---

"Mbok majêng kemawon anggènipun lênggah punika."

"Sampun."

Salêbêtipun tamu jalêr èstri sami lêlênggahan, punika botên pisan-pisan rêrêmbagan bab pikramèn ingkang nggêpok dhatêng saliranipun.

Tangkilan: "Kangmas punapa kaparêng lênggah ing griya, kapanggih kalihan rayi sampeyan tiyang èstri? Pun thole ugi kadhawahan ndhèrèk pisan, sumêrêpa ibunipun."

Dêmang Malang: "Inggih prayogi."

Lajêng mlêbêt ing griya satata lênggah. Tamu jalêr wontên kilèn, tamu èstri wontên wetan. Tumuntên pisêgah wedang lumados. Botên kenging kasêgah dhahar. Sarêng wedang sampun kaunjuk, lare èstri ingkang dipun tontoni ngladosakên pakinangan dhatêng ngajênge badhe marasêpuhipun, lampah dhodhok mêdal ngajênging tamu. Ing ngriku anggènipun namatakên para sêpuh tamu dhatêng lare èstri ingkang dipun tontoni. Makatên ugi kosokwangsule anggènipun namatakên para sêpuh emahan dhatêng lare jalêr ingkang nontoni. Lare jalêr inggih tumut ningali. Namung lare èstri tumungkul botên ningali sintên-sintên, sangêt ing isinipun. Sarêng pakinangan sampun dipun sèlèhakên, trêkadhang wutah grombyang dening kirang pangatos-atosipun, utawi dening dipun sodhokakên saking sangêting isinipun dipun tingali ing tiyang kathah wau, lajêng wangsul mêdal èsmu merang. Punika wataking prawan ingkang dèrèng kapengin laki.

Salêbêtipun tamu jalêr èstri lêlênggahan, namung rêrêmbagan bab ingkang rèmèh-rèmèh kemawon. Sarêng sampun sawatawis dangunipun, tamu lajêng pamitan mantuk. Dumugining griya lajêng sami rêrêmbagan.

Dêmang Malang: "Kêpriye, ibune, pandêlêngmu marang bocah mau?"

Mas ajêng: "Yèn kula kiyambak êmpun notog, sae sayêktos. Kêkulitane mbêngle keris, rambute kathah ngêmbang bakung, sinome kados lunging pakis kabaratan, mripate njait èsmu

--- 133 ---

mbalut, pipine ramping, irunge rungih, lambene mèngèr-mèngèr nyigar jambe, untune rata putih gumilar pindha ombaking warih, drijine mucuk ri, kukune mawa cahya pating krêlip, sikile mêrit kumilat pindha gadhing, pawakane wêwêk, mung susune sawêg gumana."

"Oraa, kok mêmpêng têmên pangalêmmu kuwe?"

"Tiyang sayêktose niku. Kula ênggih êmpun matur dhèk sunate kula êmpun eram têng ayune lare niku. Saniki êmpun nêdhênge birai, saya pêcah pamore."

"Satêmêne aku iya kaya kowe, ngalêm bangêt marang ayune bocah mau. Yèn kowe wis rujuk, banjur dak pacak ing layang panêmbung."

"Ênggih, kula êmpun ndhèrèk. Pun thole napa botên ditantun?"

"Ganêp-ganêpe iya tarinên, nanging lèjêmê wis kêtara yèn dhêmên."

"Ênggih êmpun, botên susah mawon, lare rak ênggih miturut têng tiyang sêpuh."

"Wis ta, tak kone nulis layange Si Sastrarepa. - Sastrarepa!"

Sastrarepa: "Kula."

"Nulisa layangku panglamar marang adi Radèn Ngabèi Tangkilan, tak unèni bae."

"Inggih sandika. Ngagêm dlancang punapa?"

"Plim kandêl, sarta têkukên mrapat panggonan cap."

Sêrat panglamar

Sêrat saha ingkang taklim, winantu ing kaurmatan, saha ingurab sagunging pêpuji ingkang mijil saking manah suci, saking pun kakang Dêmang Malang sakalihan, katur panjênênganipun ingkang rayi Radèn Ngabèi Tangkilan sakalihan.

Sasampunipun kadya punika wiyosipun, sampun kapara lami anggèn kula kayungyun ing pawartos ing atasing kasusilanipun putra sampeyan èstri ingkang wuragil

--- 134 ---

nama radèn lara Suwarni. Saha ciptanipun manah kula, sumêdya ngabdèkakên anak kula jalêr ingkang pambajêng anama pun Sarjana. Nanging krêntêgipun manah kula ingkang makatên wau dèrèng sagêd kalair, karana kala samantên lare taksih sami dèrèng diwasa. Ing mangke sarèhning anak kula wau sampun diwasa, saha saking pamawang kula putra sampeyan sampun nêdhêng birai, mila bilih panjênêngan sampeyan sarju saha sinêmbadan dening pangayubagyanipun para wajib tuwin tinakdirakên ing Pangeran: jodho, anak kula pun Sarjana wau saèstu kula abdèkakên. Panuwun kula mugi kakarsakna dados pamomongipun putra sampeyan radèn lara Suwarni wau ing salami-laminipun.

Wusana panuwun kula ing panjênêngan sampeyan, mugi karsaa nanggapi saha nimbangi anggèn kula sumêdya mêndhêt kadang sajati.

Tinêngêran ing dintên ... Pun kakang…

Sastrarepa: "Punika sampun rampung."

Dêmang Malang: "Kene tak capane lan taktèkêne pisan. Lan kowe mêtua, panakawan warahên konên ngundhang kang Mugên, barênga salakune."

"Kulunun ki Mugên sampun dangu dhatêng, lênggah wontên ing èmpèr pandhapa."

"E, kêbênêran ane. Undangên mrene."

"Inggih sandika. - Kyai, sampeyan dipun timbali ndara, lênggah wontên kantor panyêratan."

"Ênggih."

Dêmang Malang: "Kang Mugên!"

Mugên: "Kula."

"Kowe mau apa wis suwe, têkamu?"

--- 135 ---

"Sampun."

"Aku ora wêruh, besuk manèh yèn aku nuju linggih ana panulisan, banjur nusula bae."

"Inggih sandika."

"Kowe dak kongkon sowana adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, kang dhisik aturna taklimku, kang kaping pindho aturna layangku iki."

"Inggih sandika."

"Unèkna ta dhisik layange, nèk wis, patinên, dadi kowe wis sumurup surasaning layang."

"Inggih. Punapa sampun têrang dhawah sampeyan?"

"O, uwis."

...

Tangkilan: "Kang Mugên têka, cêdhaka kene bae kang."

Mugên: "Nun inggih. Kulunun sowan kula ing panjênêngan sampeyan dipun kèngkèn rayi ijêngandika Radèn Dêmang Malang. Ingkang rumiyin ngaturakên ingkang taklim, kaping kalih nyaosakên sêrat."

"Kene."

Sêrat katampèn lajêng kawaos ngantos satamatipun.

"Matura, kang, karo kangmas, paringing layang kangmas wis dak tampani, dak pikire dhisik. Taklimku aturna. Nèk aku olèh impèn bêcik, kowe dak wêkasake."

"Inggih, kula lajêng kalilan mundur."

"Iya kang."

...

Tangkilan: "Ibune!"

Radèn ngantèn: "Kula."

"Gilo layang saka kangmas Dêmang Malang, wacanên."

Sêrat lajêng kawaos.

"Kêpripun karsa sampeyan, kula ming ndhèrèk mawon."

"Kowe rak wis tamat mênyang bocahe, ta?"

--- 136 ---

"Êmpun."

"Nèk aku ngarani, kae bocah brêgas, dhêgus wijang cacahane. Yèn karo bocah bagus sing kripik-kripik bae, aku dhêmên sing mêngkono, dhasar kuning blengah-blengah, polatane andhik, iku bocah bakal dadi dandanan kêna dipracaya."

"Ênggih êmpun, ta, yèn dhasar êmpun pêsthi jodhone si ndhuk, nuntên mang wangsuli."

...

Tangkilan: "Sastraubaya durung mulih, kuwi?"

Sastraubaya: "Nun kula."

"Mênyanga kantor panulisan."

"Nun inggih."

"Nulisa layang mênyang mas Dêmang Malang, dak-unèni."

"Inggih sandika. Ngagêm dlancang punapa?"

"Plim wutuh sarta nganggo papan cap."

Sêrat saha ingkang taklim, rinoban ing panyungga-sungga, saha cinêncêm sarta ginubah ing sanggyaning pudyastuti pun Ngabèi Tangkilan sakalihan, katur panjênênganipun ingkang raka Radèn Dêmang Malang sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun nampèni paring sampeyan sêrat, katitimangsan kaping ... suraosipun kula sampun mangrêtos trang.

Kula nuwun, karsanipun kangmas angumpulakên balung apisah dening têbih-têbih taksih wontên ambêtipun, mundhut kadang sajati dhatêng kula, bilih sotah, kula sakalangkung dhangan saha mangayubagya amêmuji widadaning sêdya wau lêstantun ing salami-laminipun. Dene karsanipun kangmas, anak kula èstri nama pun Suwarni, kapundhut dadosa jatukramaning putranipun kangmas nama Radèn Bagus Sarjana, kula ugi sampun anyumanggakakên, pamuji kula mugi Gusti Allah anakdirna jodho tanpa sambekala. Namung kalampahanipun kula dèrèng sagêd matur, awit lare wau taksih gadhah pangkalan, [pang...]

--- 137 ---

[...kalan,] kakangipun dèrèng imah-imah, dados karsanipun kangmas punika badhe pinanggih ing wingking bilih anak kula jalêr sampun mêntas, punika kula sawêg sagêd manah dhatêng anak kula èstri. Kauningana.

Kasêrat kaping ... Ngabèi…

Sastraubaya: "Kulunun, punika sampun."

Tangkilan: "Kene dak capane lan dak tèkêne pisan. Nya, gawèkna buntêle."

"Nun inggih."

Sarêng sampun antawis sêtêngah wulan saking tampining sêrat, sêrat wangsulan punika kalampahakên dhatêng Ki Mugên, sarta sampun katampèn dhatêng Dêmang Malang.

Ningsêti

Dêmang Malang: "Ibune, sarèhning gawene anakmu durung karuwan enggal-lawase, dening pangkalan ngêntèni yèn kakangane bakal mantumu wis olèh ênggon, dadi yèn slamêt bakal gawene bakal dibarêng, ngundhuh sapasar lan nêmokake pangantèn, iku kandhane kang Mugên, saka rasanane kana."

Mas ajêng: "Mênggahing kula êmpun ayêm mawon, ontêna kasèpe lare jalêr botên dadi napa. Sing botên ayêm niku rak malah ngrika."

"Bênêr panêmumu iku, ora susah nusu-nusu, kana rak wis risi dhewe. Paribasan kae ana, anak wadon iku diupamakake: mungsuh munggèng cangklakan. Nanging isih ana sumêlange atiku yèn durung ditalèni dening kêna tinunjang ing liya, mangka bakal mantumu iku ayu têmênan. Panêmuku saiki bakal dak paningsêti bae."

"Kula mrayogèkake sangêt karsa sampeyan niku, manah lajêng sagêd têntrêm."

"Paningsêt iku sing baku apa?"

"Ming tapih kêmbên nyatunggil, tapihe bathik truntrum, kêmbêne [kêm...]

--- 138 ---

[...bêne] plangi; sêsupe lintring pangantèn§ sêsupe lintring kêkalih kadhèmpètakên pasangipun, sarta ing ngandhap namung mawi êmbanan satunggal. satunggil, jungkat, suri, lawewênang, kisi, tropong, sarupining panganan saking pala kapêndhêm, pala kasimpar sarta pala gumantung, sarta jadah, jênang, wajik lan sapanunggilanipun, napa malih jajan pasar, sadantên niku diwadhahi ing tebok alit, dados sajodhang, mawi pangiring panganan wowohan utawi olah-olahan, gorengan utawi kêlêman, saprayogine: sajodhang, dados kalih jodhang. Botên kenging mawi sêkul-ulam. Benjing lamarane kêdah tikêl dados kawan jodhang. Yèn saniki dikathahi damêl kawan jodhang, benjing lamarane inggih wolung jodhang."

"Pangrasaku yèn mung rong jodhang bae kaya kurang samuwa, sarta kurang ngajèni mênyang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan. Saiki bêcik patang jodhang, besuk lamarane wolung jodhang."

"Niku cocog kalih manah kula, sagêd misuwurake asma sampeyan. Kêjawi ngotên, nèk sampeyan parêng, paring sampeyan sêsupe bandhilan sarakit sing pangaos sèwu rupiyah, niku ajêng kula lilakake têng bakal mantu kula, dadosa pangiringe sasupe lintring. Niku saya misuwurake asma sampeyan."

"Aku saya bungah bangêt yèn kowe duwe karêp nglilakake barang-barang bakal mantumu. Yèn pancèn kêna nganggo pangiring, tapih kêmbêne uga dokokana pangiring nyadhosin."

"Lasar ênggih sampun kula sadhiyani, kantun ngêntosi dhawah sampeyan mawon."

"Lah kowe sumurupa, ibune, paningsêt iku isih kêna dibalèkake dening panampiking wadon, saka sabab kang prêlu, nanging kudu mbalèkake tikêl. Kosokbaline winurungake dening panampiking lanang, uga saka sabab kang prêlu, nanging kudu ngilangake paningsête. Dadi anane paningsêt murwat, iku ora cumah-cumah bae, utawa dudu umuk-umukan, dadi têtali kêncêng. Ora bisa nggampangake wurunge. Yèn

--- 139 ---

kowe wis condhong, aku arêp kongkonan kang Mugên, prasabên marang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, yèn putrane arêp dak paningsêti. Mau kang Mugên wis dak undang."

"Kula ênggih êmpun mrayogakake karsa sampeyan niku."

...

Dêmang Malang: "Kang Mugên, wis suwe kowe mau?"

Mugên: "Sawêg dhatêng kemawon."

"Kowe arêp dak kongkon."

"Badhe kautus dhatêng pundi?"

"Sowana adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, kang dhisik aturna taklimku, kaping pindho, sarèhning rêmbug bêbesanan iki wis dadi, nanging kalakone kudu ngêntèni yèn putrane lanang wis olèh ênggon, dadi durung kêna dipêsthèkake enggal lawase. Iku yèn kêparêng, saiki arêp dak têngêri bae, supaya gawe têntrêming ati, ora kêna kinarêpake ing liyan."

"Punapa ijêman kemawon atur kula dhatêng rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan?"

"Panêmuku bêcik ijoan bae, kang, wong wis dadi sadulur, ana kurang luwihe ora dadi apa."

"Inggih, kula lajêng kemawon sapunika?"

"Iya. mêngko saulihmu bae balia mrene, padhang pêtêng aku arêp sumurup."

"Inggih sandika."

...

Tangkilan: "Awan-awan, kang, apa ana gawene?"

Mugên: "Kula nuwun, sowan kula dipun kèngkèn raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, ingkang rumiyin ngaturakên ingkang taklim, ingkang kaping kalih manawi amarêngakên saking karsa sampeyan, putra sampeyan radèn lara Suwarni badhe dipun têngêri. Botên saking punapa, namung dadosa têtalining kaèngêtan bilih rêmbag babesanan sampun rampung, sarta adamêl êngahing liyan botên ngajêngakên dhatêng putra sampeyan wau dening sampun sinawenan."

"Iya, kang, apa karsane kangmas, aku mung ndhèrèk bae."

--- 140 ---

"Mênggah sagêd panjênêngan nampèni têtêngêr wau benjing punapa?"

"O, la, kuwi kudu dak pikir dhisik, wong bakal nampani dhayoh sarta nganakake sêsuguh, ora gampang."

"Kulunun, mênawi nampèni têtêngêr punika, sumêrêp kula botên kenging mawi sêgah, sampun kalêbêt ing ila-ila: botên sae, kajawi namung sêgah wedang, lajêng bibaran. Makatên ugi têngêran ingkang warni panganan, punika botên kenging yèn botên dipun dumakên ing rencang tuwin tangga-têpalih, sarta kêdah dipun têlasakên, botên kenging ngèngèhakên sakêdhik-kêdhika."

"E, yèn mêngkono gampang bae. Iki tanggal ping slawe, besok tanggal sapisan sasi ngarêp iki aku bisa tampa, yèn kaya kandhamu ora nganggo apa-apa."

"Sakyêktos makatên, kajawi namung wedang."

"Wis ta, matura karo kangmas, utusane dak arêp-arêp têkane besuk tanggal sapisan bae wayah sore."

"Nun sampun kula kêlilan."

"Iya, kang."

Ki Mugên sampun pratela dhatêng Radèn Dêmang Malang, sarta Radèn Dêmang Malang lajêng mirantos bab palakartining têtêngêr. Sarêng sampun dumugi ing tanggal sapisan, nglampahakên kengkenan akrabipun tiyang sêpuh jalêr èstri, mawi ulêman kulawarga sarta kanca sawatawis. Pangajêngipun nama Mas Ngabèi Talangkarsa. Pangangge ringkês: sêsupe lintring pangantèn satunggal, sasupe bandhilan intên barleyan sarakit, talèn mas kêkalih, talèn salaka ugi kêkalih, sami dipun dèkèk ing pêthèn salaka kalambaran ing bèri ugi salaka. Pangangge suwèk dipun dèkèkakên ing bèri inggih ugi salaka kêkalih. Jodhang isi sarating têtêngêr sarta isi panganan pala kapêndhêm, pala kasimpar sarta pala gumantung tuwin jajan pasar, punapa dene panganan wowohan, sarta olah-olahan gorengan utawi kêlêman dados kawan jodhang. Lampahing têtêngêr asri tiningalan, gumarêdêg ingkang ngiringakên. Sampun dumugi

--- 141 ---

ing Tangkilan, tamu jalêr ingancaran lênggah ing pandhapa, tamu èstri lajêng mlêbêt ing griya.

Tangkilan: "Mangga, bapak, lajêng kemawon."

Talangkarsa: "Inggih."

"Ragi lungse sawatawis rawuhipun, bapak?"

"Inggih, nggèr, nglêmpakakên sêntana-sêntana sampeyan ingkang sami kêsdu suka panjurung anguntapakên lampahing têtêngêr, dhatêngipun pating krêncil, botên sagêd sarêng."

"Sampun limrah, bapak, adat kula têtiyang Jawi sêmadosan botên sagêd têtêp, janji pukul sakawan, dhatêngipun ngantos pukul gangsal. Trêkadhang dening botên kamanah dèrèng pukul sakawan sampun dhatêng, punika ragi nusahakên dhatêng ingkang gadhah griya, amargi dèrèng dandos tamu sampun dhatêng."

"Punika kasinggihan, nggèr, nanging gèk kadospundi malih tiyang sampun dados adatipun têtiyang Jawi. Kados pamikiripun: baku dhatêng sampun anêtêpi janji."

"Kula dados kaèngêtan suwargi Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma, putra dalêm Pakubuwana IX, bilih nangkil dhatêng kraton, margi saking dangune anggènipun dandos, sowanipun sabên-sabên kasiyangan. Sawêg ngok rawuh ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm jêngkar, dening sampun wancinipun kondur ngadhaton. Malah nate sowan sampun bibaran, nanging inggih kalajêngakên sowanipun. Mbokmanawi pamanggihipun kangjêng pangeran, sampun anêtêpi wajib. Sarèhning sampun botên pasewakan, lajêng sowan ing ngarsa dalêm kemawon, wontên ing kadhaton."

"Bilih para gusti wau lêpat ing ginêm, paribasanipun: kalung usus, sabarang karsanipun dhumawah ing pantês kemawon."

"Anggèr, lampah kula mriki dipun kèngkèn raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, ingkang rumiyin ngaturakên ingkang taklim; kaping kalih nyaosakên paningsêtipun putra sampeyan radèn lara Suwarni awarni tapih, kêmbên sarta sêsupe [sê...]

--- 142 ---

[...supe] sampun kawrat wontên ing cathêtan. Punika kula bêkta, sumangga sampeyan tampèni. Dene barang ingkang kasêbut ing cathêtan wau kabêkta tiyang èstri badhe katampèkakên dhatêng rayi sampeyan radèn ngantèn."

"Inggih nuwun, bapak."

Sarêng Radèn Ngabèi Tangkilan maos sêrat cathêtan, eram salêbêting manah bab kadarmanipun Radèn Dêmang Malang mawi suka pangiring sêsupe bandhilan sarakit rêgi sèwu rupiyah."

"Utaminipun putra kula kaparêng nocogakên piyambak cathêtan punika dhatêng ing dalêm sakêdhap, punapa sampun cocog, mbokmanawi wontên ingkang cèwèt, dening ragi kathah padamêlan."

...

Radèn ngantèn: Mangga, ibu, lajêng kemawon."

Mbok mas: "Inggih."

"Lênggah lèr kemawon, ibu."

"Sampun. sawêg punika sumêrêp lêbêtanipun dalêm sampeyan."

"Kala sunatipun pun ndhuk, panjênêngan sampeyan inggih kula aturi, nanging botên rawuh."

"Kala samantên kula nuju sakit kasrêpên, mila botên sagêd sowan mriki, sangêt cuwaning manah kula.

Sowan kula ing ngarsa sampeyan, anggèr, dipun kèngkèn mbokayu ijêngandika mas ajêng Dêmang Malang, Ingkang rumiyin ngaturakên ingkang taklim, kaping kalih nyaosakên paningsêtipun putra sampeyan radèn lara Suwarni, awarni tapih truntum sarta kêmbên plangi punapadene supe lintring pangantèn, punika ingkang dados bakuning paningsêt. Saha sadaya wau mawi pangiring sawatawis, sanajan kucing-kucing dipun raupi sok ugia mawi, botên saru tiningalan ing kathah.

Ingkang warni sinjang bathik kalih wêlas, sami sêratan balocok, namung warninipun kemawon botên sami: ayampugêr, cindhe

--- 143 ---

wilis, rama, kusniamalebari, tunjungkaroban, trate, tambalkanoman, sidaluhur, parikêsit, pakuningrat, jlêngut, gringsing sambalana.

Sinjang lurik kodhèn namung nênêm: kêpyur, turirawa, tumênggungan, sêkardlima, wanabadra, glondhongan.

Kêmbên lêmês jajanan ugi namung nênêm: uyahsawuku, dringin, solok, limaran, puspalembong, mênyankobar.

Kêmbên bathik kalihwêlas, ugi sami sêratan balocok, namung warninipun kemawon botên sami: sêmèncandra, sêmèncuwiri, sêmènrama, sêmènrêmêng, sêmèntritis, sêmènjlêngut, sêmènmirong, sêmèn-gendhong, sêmènngrèni, udanliris, parangkusuma, parangrusak klithik.

Supe bandhilan sarakit. Abon-aboning paningsêt sapêpakipun dados kawan jodhang. Kula sumangga."

"Inggih nuwun."

Sarêng pêthèn slaka dipun bikak isi sêsupe tiga, lintring pangantèn satunggal sarta bandhilan sarakit sami intên barleyan, Radèn Ngantèn Tangkilan njêngêr, ngungun salêbêting manah dhatêng bêrbudinipun mas ajêng Dêmang Malang, dene nyukani paningsêt sêsupe samantên agêngipun. Lajêng mbikak srêbèting baki slaka isi sinjang bathik truntum pradan sarta pangiringipun sinjang bathik ingkang dipun cariosakên balocok, sayêktosipun adèn-adèn sêratan kraton. Sinjang lurik ingkang dipun cariosakên kodhèn, sayêktosipun tumpang. Tumpang lurik punika ingkang sae piyambak tinimbang panunggilanipun, sakodhi tumpangipun satunggal. Kêmbên plangi kuning dhasaripun sutra pangsi pêthak, sarta pangiringipun kêmbên bathik pêpêthingan ugi sêratan kraton. Punapadene kêmbên lêmês ingkang dipun cariyosakên jajanan, sayêktosipun sami wêdalan ing Grêsik.

Radèn Ngantèn Tangkilan rumaos bêgja anakipun èstri pinilala dhatêng badhe marasêpuhipun. Lajêng wicantên: "Ibu, panjênêngan sampeyan punika rêmên ngasorakên salira, sadaya

--- 144 ---

ingkang kapangandikakakên balondrongan, kula ngantos pengo-pengo, awon kalinganea sae."

"Limrah, anggèr, kadamêl sambèn lêlênggahan."

"Cathis, jupukna pêthèn barlin cilik lan panadhahan kayu papat bae, ginawe salin wadhah ali-ali lan jarit iki."

"Wadhahipun botên kula suwun wangsul, lajêng kasaosakên dados wadhahing sêsupe sarta sinjangipun pisan."

"Wa, saya kathah paringipun mbokayu mas ajêng punika."

"Botên dados punapa, anggèr, ngrika-ngriki sami kemawon, gadhahanipun mbokayu ijêngandika, inggih kagungan sampeyan."

Tangkilan: "Ibu sawêg pinarak ing griya kula sapisan punika, kados?"

Mbok mas: "Inggih, nggèr, ing wingking badhe kêrêp marak mriki, mbokmanawi putra kula badhe bosên."

"Sampun botên ibu, malah bingaha,bingah. mangsa bosêna."

"Sukur manawi makatên."

Tangkilan: "Gilo, ibune, layang pratelaning barang sing kotampani kuwi, cocogna, wacanên sadhela."

Radèn ngantèn: "Samang paringake. - Êmpun cocog mawon, niki wau mêntas kula cocogake."

"Sukur, wong mung ganêp-ganêpe bae. Kene balèkna layange tak rawatane."

"Êngga. Samang napa botên kêpengin ningali wêrnine?"

"Ndêloki. Wa, dene ali-ali sapêluk-sapêluk mene ginawe paningsêt."

"La niki tapih kêmbêne dadi patang panadhahan."

"Tobil, tobil, niyat sugih dadak-dadakan, ane."

"Napa kagungane?"

Iya dudu, nanging yèn nyilih-nyilih bae ginawe tamba kêpengin, rak ya kêna."

Mbok mas: "Ana bae putraku dèn bèi kuwe, agêm-agêmane pirang-pirang bênèt ngono mangsa ndadak mundhut nyilih.

--- 145 ---

Punika rak namung tutup rai, sampun ngantos dipun gêgujêng dhatêng tiyang ingkang botên rêmên."

"Kula aturi lênggahan ingkang sakeca, ibu, kula wangsul dhatêng pandhapa, manggihi raka ijêngandika bapak."

"Inggih."

...

Tangkilan: "Sampun cocog, bapak, botên wontên ingkang cèwèt."

Talangkarsa: "Sukur."

Botên antawis dangu pisêgah wedang lumados sarêng, dhatêng ing griya sarta dhatêng ing pandhapa. Botên antawis dangu malih tamu ing griya bodhol, tumuntên tamu ing pandapa nututi bodhol, lajêng têrus dhatêng ing Dêmang Malangan, pratela lampahipun kakèngkèn, wilujêng."

Pangeran kalihan congkok

Gêntos kacariyos, Kangjêng Pangeran Panji Dhandhun Martèngsari, kasok sihipun dhatêng Radèn Bagus Suwarna, dening alusing bêbudenipun, andhap-asor sugih kasagêdan, rêmên ngawon lampah satindak, basa sakêcap, dhasar bagus warninipun botên lèmèrên. Ciptaning galihipun kangjêng pangeran: "Aku ora isin ngêpèk mantu anaking priyayi kang ana ajine, tinimbang ngêpèk mantu darahku dhewe kang tanpa aji pisan-pisan."Sarta ing galih inggih sampun karaos yèn Radèn Ngabèi Tangkilan gadhah kajêng ngêbun-êbun enjing njêjawah sontên dhatêng anakipun supados angsala tariman putri, nanging ajrih nglairakên. Kalêrêsan Ki Mandangjaplak nuju sowan nglangke, lajêng katimbalan majêng.

Dhandhun Martèngsari: "Mandangjaplak."

Mandangjaplak: "Nuwun kula."

"Kuwe mau apa saka ngomah bae?"

"Nuwun inggih."

"Arêp dak undang kowe mau, kêbênêran kowe wis têka ora kalawan dak kongkoni."

--- 146 ---

"Kulunun, punapa wontên karsa dalêm punapa-punapa?"

"Ora, mung arêp caturan bae karo kowe. Dèn Bèi Tangkilan apa tau rêmbugan apa-apa karo kowe?"

Ki Mandangjaplak nggraita yèn pangandika wau sêsungut prayogi. Lajêng matur: "Kula nuwun, wontên ugi rêraosanipun, ananging abdi dalêm kula ajrih ngaturakên, mbokmanawi ndadosakên kalêpatan kula."

"Rêrasanan bab apa?"

"Kula nuwun, awit saking karsa dalêm amardi unjuk kula, dados abdi dalêm kula kapêksa nglairakên wêwados ingkang kula simpên ing salami-laminipun, pêcah dening karsa dalêm.

Kula nuwun, rêraosanipun abdi dalêm Radèn Ngabèi Tangkilan, kêpengin momong putri dalêm, dadosa sêsotyaning Tangkilan, ingêmbanan pun Suwarna ingkang dipun suwitakakên ing ngarsa panjênêngan dalêm. Kaduginipun gadhah cipta nglêngkara, kenging binasakakên: pindha angganing katepan angrangsang gunung. Punika katarik saking gêng katrêsnan, dening anakipun jalêr namung satunggal."

"Sukur yèn wis ana walèhe mêngkono, dadi aku ora mangu-mangu, jêr wong duwe anak wadon iku ora dupèh gêdhe dhuwur iya uga akèh pakewuhe, yèn nglairna karêp dhisik, mung panjênêngan ratu sing sagêd milih sakarsane. Sarèhning wis ana cature mêngkono, ijoane aku wis awèh, nanging ganêpe dipacaka ing layang panêmbung, mêngko bakal dak wangsuli."

"Nuwun inggih sandika, badhe lajêng kula dhawuhakên."

"Bubaran, Mandangjaplak, aku arêp têgar."

"Nuwun inggih."

Tangkilan kalihan congkok

Tangkilan: "Êlo, si kakang Mandangjaplak, sore-sore têka, napa ontên gawene?"

Mandangjaplak: "Wontên damêlipun sakêdhik."

--- 147 ---

"Mriki ta, lungguhan ing èmpèr jaba mawon isis."

"Inggih. Kula nuwun, sowan kula ing panjênêngan sampeyan, kala wau kula sowan nglangke dhatêng ing Martèngsarèn, botên nyana dipun pangandikani bab putra sampeyan."

Lajêng dipun cariyosakên klayan titi botên wontên ingkang kalangkungan. Clês, manahipun Radèn Ngabèi Tangkilan, kados siniram ing toya windu.

"Botên nyana, kang, si kakang têka nggawa warta bêcik. Murih gawe lêga panggalihe kangjêng, saniki si kakang bêcik kula gawani layang panêmbung pisan, dadi nelakakê yêktine ature si kakang têng kangjêng pangeran wau, botên gawe-gawe si kakang dhewe."

"Kula inggih mrayogèkakên makatên, mumpung padhang langitipun."

Sêrat panglamar

Tangkilan: "Sastraubaya!"

Sastraubaya: "Kula."

"Njupuka lêsnar panulisamu gawanên mrene. Nulisa ing kene bae."

"Inggih sandika. Ngagêm dlancang punapa?"

"Dluwang brênggala wutuh, jidharana sing arang-arang bae."

"Punapa mawi papan asma?"

"Nganggo. Tak-unèni bae, ora susah dingèngrèng, nanging aja kêsusu panulismu, sarta tulisên sing gêdhe-gêdhe lan sing arang-arang, padane: guru."

Kula nuwun, atur sêmbah kula pun Ngabèi Tangkilan, konjuk ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Dhandhun Martèngsari, ingkang sinatriya agêng ing nagari Surakarta Adiningrat.

Kula nuwun, kula kamipurun anggêlarakên karêntêging manah kula, jalaran kataman ing panggubêlipun

--- 148 ---

anak kula jalêr pambajêng pun Suwarna ingkang suwita wontên ing ngarsa dalêm, anggènipun karoban ing pawarta têmah kapiluyu lumèngkèt sagêd gonjingakên manahipun, bilih panjênêngan dalêm kagungan putra putri wuragil sampun diwasa taksih lamban, nama Radèn Ajêng Mulat, pinunjul ing warni, susila ambêk ngumala, punika ingkang dados ênêring ciptanipun.

Awit saking punika, gusti, sarèhning kula rumaos kawratan nampèni pamothahing anak anggege nêdha jatukrama, sanajan kula sampun sumêrêp yèn dede timbangipun, inggih ugi kula lampahi suku jaja atêkên janggut, sumêngka ing atur nêrak sêsikuning gusti saking awratipun tiyang anak-anak. Manawi marêngakên saking karsa dalêm, saha sinêmbadan dening pangayubagyanipun para wajib, saha tinakdirakên jodho, kula kamipurun manakawanakên abdi dalêm anak kula pun Suwarna wau, mugi kakarsakna dados pamomongipun putri dalêm Radèn Ajêng Mulat, ing salaminipun.

Konjuk ing dintên ... Abdi dalêm kula pun ngabèi…

"Punika sampun rampung."

"Kene, dak tèkêne lan dak capane pisan. - Nya, kanthongana, sing logro bae, aja kongsi angèl dinudut."

"Nun inggih. Punika sampun."

...

Tangkilan: "Kang Mandangjaplak."

Mandangjaplak: "Kula."

"Nigi lo, kang, layange êmpun dadi, mang tampani saniki mawon, sesuk mang saosake kangjêng pangeran, êmpun kula titimangsani pisan."

"Inggih sandika."

--- 149 ---

"Samangsa-mangsa kangjêng maringi dhawuh, banjur mang mriki."

"Inggih. Nun sampun kula lajêng kêlilan."

"Ênggih kang."

...

Dhandhun Martèngsari: "Kowe, Plak!"

Mandangjaplak: "Nuwun inggih."

"Saka ngêndi kowe mau, esuk-esuk?"

"Saking griya kemawon. Kula nuwun, sowan kula ing ngarsa dalêm, dipun kèngkèn abdi dalên Radèn Ngabèi Tangkilan. Ingkang rumiyin ngaturakên ingkang sêmbah, kaping kalih nyaosakên sêrat."

Sêrat katampèn ing kangjêng pangeran, sarta lajêng kawaos. Lèjêming netya katawis yèn ndadosakên kaparênging galih, lajêng ngandika: "Bêcike dak wangsuli layang, ora cukup mung ijoan bae, wong prakara têmênan."

"Nuwun inggih, gusti, kenginga dipun pundhi dhatêng abdi dalêm Radèn Ngabèi Tangkilan."

"Panakawan!"

Panakawan: "Nun kula."

"Timbalana Si Sastrakerata, karo konên nggawa lêsnar panulisan."

"Nuwun inggih sandika. - Pak, sampeyan dipun timbali gusti, kalihan dipun dhawuhi mirantos lêsnar panyêratan."

Sastrakerata: "Gusti pinarak ana ngêndi?"

"Wontên ing lojèn kilèn."

"Kiye ta, lêsnare gawanên sadhela."

"Kaparingakên."

...

Dhandhun Martèngsari: "Tra!"

Sastrakerata: "Nuwun kula."

"Gawèkna layang wangsulan marang Radèn Ngabèi Tangkilan, gilo layange unèkna dhisik."

"Nuwun inggih sandika. Mênggah karsa dalêm?"

--- 150 ---

"Cêkake aku awèh, sarta dak arah kalakone ana sajrone sasi Bêsar ngarêp iki, mumpung ing Kraton ora ana pasamuwan."

"Nuwun inggih sandika. - Kulunun, punika sampun rampung."

"Unèkna bae pisan."

"Nuwun inggih sandika."

Kang dhihin salamku marang kowe Radèn Ngabèi Tangkilan, kaping pindhone kowe awèh layang marang aku, uwis dak tampani lan uwis dak uningani. Mungguh panjalukmu ngêmong marang anakku Radèn Ajêng Mulat, dhaup lan anakmu Radèn Bagus Suwarna, aku wis marêngake, sarta dak arah kalakone ana sajrone sasi Bêsar ngarêp iki, mumpung ing kraton sêpi pasamuwan. Ndadèkna sumurupmu.

Tinulis ing dina ... Pangeran panji…

"Wis kêbênêran, gawanên mrene dak tèkêne. - Gilo, Plak, tampanana, banjur parakna saiki bae, kuwi kang dadi wangsulaku."

Mandangjaplak: "Nuwun inggih sandika. Lajêng kêlilan."

"Iya."

...

Tangkilan: "Kang, ngriki mawon."

Mandangjaplak: "Nun inggih."

"Lagi kula rasani, jêbul si kakang têka, bêcik kang tinêmu ing buri."

"Kula nuwun, sowan kula ing panjênêngan sampeyan, kautus ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Panji Dhandhun Martèngsari. Ingkang rumiyin matêdhakakên ingkang salam, kaping kalih maringakên sêrat."

Sêrat katampèn lajêng kawaos, ndadosakên lêjaring manahipun Radèn Ngabèi Tangkilan.

--- 151 ---

"Kang Mandangjaplak, bangêt bungahe ati kula nampani sêrate kangjêng pangeran, yèn êmpun ndadèkake parênging galih nampèni panglamar kula, sarta namtokake kalakone pamiwaha ontên sajrone sasi Bêsar."

"Sukur bage sèwu, dèn bèi, bilih lajêng pinanggih gampil."

"Si kakang kulawèhi panganggo sa-. pangadêg lan kula wèhi pawitan ngadu jago salawe rupiyah. Botên saka napa, mung saka bungahe ati kula klakon kang dadi niyat kula jalaran saka si kakang. - Panakawan!"

Panakawan: "Kula."

"Tutura Si Jayanimpuna, aku njaluk panganggo sapangadêg, kang isih anyar bae, lan dhuwit salawe rupiyah."

"Inggih sandika. - Mas, ndara bèi mundhut agêm-agêman sapangadêg kang têsih enggal, lan yatra slangkung rupiyah."

Jayanimpuna: "Arêp diparingake sapa?"

"Kados badhe diparingake têng Ki Mandangjaplak."

"Gilo panganggone, dokokna ing panadhahan kono bae, karo iki dhuwite slawe rupiyah."

"Ênggih. - Kulunun, punika pangangge dalah artanipun salangkung rupiyah."

Tangkilan: "Tampakna kang Mandangjaplak."

"Nun inggih. - Mênika."

Mandangjaplak: "Hê-êh."

Tangkilan: "Niku lo, kang, mang tampani pawèwèh kula, mung minangka pratandhaning sih trêsna kula têng si kakang."

"Inggih nuwun."

"Mang matur têng kangjêng, kang, kula diparingi layang êmpun kula tampani, atur sêmbah kula: nuwun sandika."

"Kulunun sampun, dèn bèi, kula lajêng kêlilan."

"Ênggih kang."

Ulêm gadhah damêl mantu

Radèn Ngabèi Tangkilan lajêng suka sêmêrêp dhatêng Radèn Dêmang Malang, yèn anakipun Radèn Bagus Suwarna sampun

--- 152 ---

angsal ênggèn, kaparingan triman putrinipun Kangjêng Pangeran Panji Dhandhun Martèngsari, sarta sampun katamtokakên kalampahaning pikraman wontên salêbêtipun wulan Bêsar. Punika Radèn Dêmang Malang dipun purih tata-tata. Kajêngipun Radèn Ngabèi Tangkilan, sasampunipun dhaupipun anak èstri, katungka dhatênging pangantèn anak jalêr ngundhuh sapêkênipun.

Tangkilan: "Sastraubaya!"

Sastraubaya: "Kula!"

"Nicila aku gawèkna layang ulêm warna lima: 1. marang para gusti mung ngunjuki uninga; 2. marang priyagung wadana kliwon wayah buyut dalêm; 3. marang priyagung wadana kliwon, asli cilik; 4. marang priyayi panèwu mantri, padha diaturi; 5. marang akrab kang kudu diundang, nanging ora satata lan priyayi panèwu mantri. Diaturi mawa ukara mêngêng."

"Inggih sandika. Kula damêl ngèngrèng kemawon rumiyin gangsal pisan, minangka tuladha."

"Iya bêcik."

"Punika sampun rampung."

"Unèkna bae wiwit ulêm angka siji sapiturute tumêka angka lima."

"Inggih sandika."

I. Kula nuwun, atur sêmbah kula pun Tangkilan jalêr èstri, konjuk ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Dêmang Tanpanangkil sakalihan.

Kula nuwun, kula ngaturi uninga ing panjênêngan dalêm, benjing ing dintên ... tanggal kaping ... wulan Bêsar punika, kula badhe angemah-emahakên anak kula èstri wuragil nama rara Suwarni, angsal anakipun Dêmang Malang abdi dalêm mantri panumping nama jaka Sarjana, ijabipun paningkah salajêngipun panggih wontên ing griya kula. Mêkatên malih kula mawi anyarêngakên

--- 153 ---

lampah ngundhuh sapêkêning pangantèn, anak kula jalêr pambajêng nama Suwarna, kaparingan tariman putrinipun raka -dalêm Kangjêng Pangeran Panji Dhandhun Martèngsari, nama Radèn Ajêng Mulat, sampun kalampahan dhaup kala ing dintên ... tanggal kaping ... salêbêtipun wulan Bêsar wau.

Ingkang punika, gusti, amung mugi andadosakên kauningan, saha kula suwunakên barkah pangèstu dalêm wilujêng.

Konjuk ... Abdi dalêm pun TANGKILAN

II. Kula nuwun, atur sêmbah kula pun Ngabèi Tangkilan jalêr èstri, katur ing panjênêngan dalêm:

a. bêndara radèn mas ... arya ... (wayah dalêm)

b. bêndara radèn mas ... tumênggung ... (wayah dalêm)

c. bêndara radèn mas ... ngabèi ... (wayah dalêm)

Katur ing panjênêngan-dalêm kiyai lurah, kiyai bêkêl

d. bêndara radèn mas ... arya ... (buyut dalêm)

e. bêndara radèn mas ... tumênggung ... (buyut dalêm)

f. bêndara radèn mas ... ngabèi ... (buyut dalêm)

Kula nuwun, kula ngaturi uninga ing panjênêngan dalêm ... (kados ulêm I)

Ingkang punika benjing ing dintên ... wau, wanci jam 6 sontên, mbokmanawi wontên kaparêngipun panggalih dalêm karsa uningani panggihipun pangantèn, saha lajêng kaparêng lêlangên amongsuka, sampun saèstu rawuh dalêm ambarkahi kawilujênganipun anak kula pangantèn, saha murakabi dhatêng kula sadaya, sakalangkung panuwun kula karêntahan sih dalêm wau.

Katur ... Pun Ngabèi TANGKILAN.

--- 154 ---

III. Sêrat saha ingkang sêmbah, Ngabèi Tangkilan sakalihan, katur ingkang panjênêngan kiyai lurah radèn tumênggung ... (kiyai bêkêl radèn ngabèi ...) sakalihan.

Sasampuning kadya punika nuwun wiyosipun, kula ngaturi uninga ... (kados ulêm I) .

Ingkang punika benjing ing dintên ... wau, wanci jam 6 sontên, ingkang panjênêngan kiyai lurah (kiyai bêkêl), mugi kaparêng rawuh nguningani panggihipun pangantèn, supados angsala barkah pangèstu wilujêng sapanginggilipun, wusana sangêt ing panuwun kula.

Katur kaping ... Ngabèi TANGKILAN.

IV. Sêrat sarta (saha) ingkang ... Radèn Ngabèi Tangkilan sakalihan katur panjênênganipun ingkang ... radèn ngabèi (mas ngabèi) ... sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula ngaturi uninga ... (kados ulêm I) .

Ingkang punika benjing ing dintên ... wau, wanci jam 6 sontên, manawi dhangan ing panggalih saha sêla padamêlan, panjênêngan sampeyan sakalihan kula aturi pinarak dhatêng ing griya kula, anguningani panggihing pangantèn, supados angsala pangèstu wilujêng sapanginggilipun, saha mugi kaparênga angêntosi pakurmatan kula bujana sakawontênanipun, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kasêrat kaping ... TANGKILAN

V. Sasampuning ... kangmas ...

Kula ngaturi uninga, benjing ing dintên…tanggal [dint...]

--- 155 ---

[...ên…tanggal] kaping ... wulan Bêsar punika, kula badhe angemah-emahakên anak kula èstri sarta angundhuh sapêkênipun anak kula jalêr.

Ingkang punika benjing ing dintên ... wau, panjênêngan sampeyan kula aturi, aparinga pangèstu wilujêng, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Kaping ... TANGKILAN

Sampun jangkêp gangsal pisan."

"Wis kêbênêran kabèh, banjur pacakên."

"Inggih sandika."

Tarub

Kacarios Radèn Ngabèi Tangkilan lajêng tata-tata saupakartining tiyang gadhah damêl. Cinêndhak sampun dumugi ing wulan Bêsar ngajêngakên dintên ingkang katamtokakên, dening pinanggihing petang dintên sae. Sarêng kirang tigang dintên dhawahing dintên sae: tarub, inggih lajêng tarub, saubênging pandapa sarta ngajêng pawon, kataruban anaman blarak: saka dêling wulung, ing sajawining kori regol kapasangan krun: saka pucang, botên wontên panggènan ingkang kalangkungan, sadaya kataruban.

Tangkilan: "Ibune!"

Radèn ngantèn: "Kula."

"Kowe apa wis miranti sarat-sarat sapalakartine wong arêp duwe gawe mantu?"

"Ênggih êmpun, nèk botên cèwèt."

"Apa ta?"

"Kados ta:

1. Pêndhêman: êmpluk isi gêrèh pèthèk, kacang ijêm, kêdhêle, kêmiri gêpak-jêndhul, gantal, tigan ayam, dipêndhêm ngajêng kobongan, ngajêng kori agêng, ngajêng pawon sarta ing margi prapatan, mawi lisah satêngah gêndul, toya satêngah gêndul, diwor supados kalis ing tuju, têluh, taragnyana.

--- 156 ---

2. Bucalan: êmpluk isi gêrèh pèthèk, kacang ijêm, kêdhêle, kêmiri gêpak-jêndhul, gantal, tigan ayam, kêmbang borèh, jênang abang, jênang baro-baro, gêcok mêntah, sami diwadhahi ing takir mawi yatra sigar: takir satunggil. Sing dibucali: kobongan, gêdhong wetan-kilèn, sawarnining kontên, pojokan griya, sumur, jamban, jumblêng, pawuhan, regol, margi prapatan sarta ing lèpèn.

3. Nyaosi dhahar têng sitinggil, Nyai Sêtomi, Kyai Surak, sêkul wuduk saambêng, ulam lêmbaran ayam wêtah, lalaban lombok bang-jo, gorèngan dhêle, krupuk, kêmbang borèh, mênyan, yatra wajib têng kaum sing ndonga: sagobang.

Isarat: mêndhêt wêdhi têng sitinggil sakidule bangsal witana, niku dados pindhaning uwos, kados wêdhi botên sagêd têlas. Mêndhêt godhong wringin sêngkêran wetan-kilèn: jayandaru, dewandaru, lumah-kurêb, mêndhêt uwuh ing pêkên agêng, minangka kajêng supados brêkat mêkakat. Mêndhêt toya têmpuran, tumpuking lèpèn kêkalih, dilêbêtake têng klêmuk kangge sajèn.

4. Sajèn kobongan.

5. Sajèn padaringan, niku sami mawon, mung sajèn kobongan kaot mawi pindhang antêp§ ulam sirah. sarta kalak.§ ulam sujenan kabakar tanpa bumbu. Dene warnine sajèn, kados ta:

Êmpluk isi toya têmpuran, godhong kluwih, dhadhapsrêp, apa-apa, alang-alang, kara, kisi, kêmiri gêpak-jêndhul, kluwak, bendha, kaca, jungkat, suri, sajèn jajan pasar, lisah sundhul langit, panggang tumpêng,§ panggang gêsang. gêndhis klapa satangkêb, klapa satunggal, uwos sakati, gêdhang ayu, suruh ayu, gambir-jambe wêtahan, kêmbang borèh, mênyan, yatra sajèn suwang saprapat.

Êmpun têlas."

"Sukur, kaya ora ana sing kliwatan."

--- 157 ---

Kirang sadintên Radèn Ngabèi Tangkilan, nglampahakên lamaran dhatêng Martèngsarèn, sontênipun nyantri, enjingipun nikah, sontênipun malih panggih, nanging botên kacariyosakên lampahipun.

Lamaran

Dêmang Malang: "Ibune!"

Mas ajêng; "Kula."

"Kowe apa wis mirantèni bab lamarane anakmu?"

"Nèk sing dados bêbahan kula, êmpun."

"Bubuhaku apa, ta, rak mung wadhahe, jolèn salawe, jodhang wolu, isine saka kowe kabèh."

"Maesa rak ênggih saking sampeyan."

"Wong kêbo kok kopikir."

"Botên manah maesane ngotên, wong êmpun kêtingal mêgok-mêgok kêkalih. Sing kula manah niku napa êmpun mang damêlake cathok salaka singate?"

"E, iku dadi, saiki wis ora cara, mung cukup diênjêti bae."

"Sukur yèn kenging ngotên mawon. Kalunge cindhe napa êmpun ontên?"

"Uwis, dak golèkake cindhe sabarangan bae, wong dikalungake ing kêbo."

"Lombok-teronge napa êmpun mang galih?"

"Uwis, malah dak putêrake lombok-terong kang isih urip, kurang sapasar wis dak lon-loni sarta banjur dak tandur ing êpot, supaya bêcik tinonton, ora katon alum."

"Cacahe pintên?"

"Mung ngloro, lombok sarakit, terong sarakit."

"Êmpun lêrês."

"Mungguh isining jolèn mau apa? satêmêne aku rak durung têrang."

"Ênggih: dandang, kèncèng, klênthing, siwur, sami têmbagi nyatunggil, iyan, ilir gèmbèl nyatunggil, uwos sabagor, klapa sajanjang damêlan, isi salawe iji, banyak sarta ayam sami

--- 158 ---

nyajodho jalêr-èstri, yèn besanipun salah satunggal wawrat, ayamipun èstri linintu babon angrêm, sarta panggihing pangantèn, pangantène kinurung ing lawewênang satukêl, anggi-anggi dilêbêtake ing kanthong pêthak agêng, sarta yatra pêcah ênggih dilêbêtake ing kanthong pêthak agêng isi salawe rupiyah. Sadaya niku dilêbêtake ing jolèn, dalah pot-pot lombok-terong ênggih ontên salêbêting jolèn, mung ayam sing diêmban ing sindur, sarta klapa dirêmbat ing tiyang kêkalih."

"Aku bungah yèn kowe wis rigên mêngkono. Angkating lamaran, yèn slamêt sida dina sesuk."

Wanci jam sanga enjing, tamu jalêr èstri wiwit dhatêng ingkang badhe ngiringakên lamaran. Tamu jalêr njujug ing pandhapa, tamu èstri lajêng dhatêng griya.

Dêmang Malang: "Mangga bapak, lênggah lèr kemawon."

Tamu: "Wis, dèn dêmang, kene bae."

"Kangmas nêsêg kemawon."

Tamu: "Inggih."

"Dhi, nggèr, cêlakan ngriki ta."

Tamu: "Sampun."

"Bapak, punika sampun wanci, kula sumangga lampahing lamaran. Dene pratelaning barang sampun kawrat ing sêrat cathêthan, punika kula saosakên."

"Iya, dèn dêmang, Iki wis sêdhêngan têkane ing kana. - Mangga, nggèr, sami bidhal."

"Mangga."

Lampahing lamaran: maesa sarakit ingkang rumiyin, dhasar maesa pêlèn punukipun satumbu-tumbu, sami kalung cindhe, sungunipun pêthak, samuwa tiningalan.

Mila maesa dipun rumiyinakên, mbokbilih wontên bekanipun, sampun ngantos damêl kandhêging lampahe lamaran wingkingipun, rampunga dipun sêmbadani dening juru tani ingkang kulina dhatêng maesa.

Godhag sawatawis, lajêng lampahipun tamu èstri bojonipun

--- 159 ---

priyantun panèwu mantri sami mêgar songsongipun. Tumuntên ayam sakêmbaran jalêr èstri kaêmban sindur, lajêng jolèn urut kacang salawe isi dandang kèncèng sapanunggilanipun wau. Kasambêtan jodhang ugi urut kacang wolung iji isi sêkul, ulam, panganan, tumuntên para priyantun panèwu-mantri ingkang ngiringakên sami mêgar songsongipun. Dados têtingalan samargi-margi.

Dumugi ing Tangkilan, kinurmatan ungêling gangsa Kalaganjur. Tamu jalêr njujug ing pandhapa, tamu èstri lajêng malêbêt dhatêng ing griya.

Tangkilan: "Mangga, bapak, lajêng kemawon."

Tamu: "Inggih."

"Mangga sadaya kemawon sami cêlakan kalihan panjênênganipun bapak."

"Inggih, inggih, inggih."

"Anggèr, lampah kula dipun kèngkèn raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, ingkang rumiyin ngaturakên ingkang taklim, kaping kalih nyaosakên lamaranipun putra sampeyan badhe pangantèn, . Sanajan sakalangkung sumapala, pangajêng-ajêngipun raka ijêngandika mugi katampèna kalayan suka pirênaning galih. Saha manawi wontên kêkiranganipun, mugi angêgungna pangapuntên. Dene warnining lamaran sampun kawrat ing sêrat cathêtan, punika kula saosakên, kula sumangga."

"Inggih."

Sêrat cathêtan lajêng kawaos. Sarêng sampun tamat lajêng suka parentah dhatêng sêntananipun: "Ngantèn!"

Mas ngantèn: "Kula!"

"Lamaran iku cocogna rupa lan cacahe karo kang kasêbut ing layang cathêtan iki, gilo. Yèn wis cocog, tampanana, banjur papanna kang bêcik, aja owah-owah kongsi sabubaring gawe. Mung kêbone bae panggonna kang adoh lan kang sêpi, nanging kang cêdhak pangonan, aja nganti ana bocah mrono, nèk digudag."

--- 160 ---

"Inggih sandika."

Mas ngantèn lajêng nocogakên uruting angkanipun cathêtan kalihan uruting angkanipun barang, sakêdhap sampun rampung.

"Kulunun, sampun kula cocogakên, cocog, saha sampun lajêng kula prenahakên sae. Namung yatra pêcah salawe rupiyah ingkang wontên ing kanthong pêthak agêng, kula pêndhêt sarta lajêng kula tampèkakên dhatêng mas Jayanimpuna."

"Sukur. - Bapak, lamaranipun badhe pangantèn sampun kula tampèni, sangêt ing panuwun kula. taklim kula kemawon katura kangmas."

"Kula kêlilan wangsul, lajêng badhe sanjang ing lampah kula dhatêng raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang."

Sarêng lan bodholipun tamu èstri saking griya ingkang ugi masrahakên lamaran wau punika dhatêng Radèn Ngantèn Tangkilan. Têmbungipun sami kemawon kalihan ing nginggil, dipun kèngkèn mas ajêng Dêmang Malang masrahakên lamaran dhatêng Radèn Ngantèn Tangkilan.

Tamu jalêr èstri wangsulipun saking Tangkilan, botên lajêng dhatêng ing Dêmang Malangan, lajêng sami mantuk dhatêng ing griyanipun piyampak-piyambak. Namung ingkang dados pangajêng jalêr èstri, ingkang wangsul sarta mratelakakên lampahipun dipun kèngkèn. Lajêng mantuk.

Nyantri

Sontênipun nyantri, punika wiwitipun nama: pangantèn, botên: badhe pangantèn. Mangangge kasatriyan, bêbêdan rasukan takwa, ikêt-ikêtan jebehan, nanging dèrèng kenging mawi sêkar, namung nganggè sumping intên lintunipun sêkar mlathi sapêlik, tuwin mangangge punapa agêm-agêmaning satriya, kados ta: kalung, paniti sarta sanès-sanèsipun, punapa ing sasênêngipun, kenging kemawon, botên wontên awisanipun. Sanajan pangantèn punika sampun dados priyantun, botên kulukan, inggih kados makatên wau panganggenipun. Nanging [Na...]

--- 161 ---

[...nging] sapunika botên makatên, ingkang sampun dados priyantun ngangge kuluk.

Wanci pukul pitu tamu ingkang badhe ngiringakên pangantèn sampun dhatêng, ingkang sêpuh dipun pasrahi ing damêl ngirid lampahing pangantèn, lumampah dharat.

Dêmang Malang: "Bapak, kula sumangga wayah sampeyan pangantèn pasrahipun dhatêng besan."

Tamu: "Iya, nggèr, iki wis jam pira?"

"Sawêg kèndêl pukul pitu."

"Isih kêsorèn, sadhela êngkas, diarah têkaning omahe besan jam wolu bae."

"Kula sumangga."

"Pamayunge sapa?"

"Pun Rawimanda."

"Pamayungmu dhewe?"

"Nun inggih."

"Sukur yèn dudu wong desa. Wong desa kuwe akèh kidhunge."

"Wanci dalu punapa kenging ngêgarakên songsong? Sumêrêp kula liyanipun panjênêngan ratu botên kenging."

"Bênêr, nanging yèn pangantèn kêna bae, apa pangagêmaning ratu kêna nganggo."

"Sukur manawi kenging, botên nêrak awisan."

"Patahe kang nggawa lopak-lopak lan paidon apa wis ana?"

"Sampun, sarta sampun kula panganggèni ragi pantês."

"Sing nggawa ting bakal njajari laku, ora kêlalèn?"

"E, nulilahi, kêsupèn, bapak. - Panakawan, njupuka tingku patunggukan ing gêdhong lampu kana, dikêbat!"

Panakawan: "Inggih sandika."

Wanci sêtêngah wolu pangantèn bidhal, lumampah dharat, dipun songsongi: songsonging bapakipun, sarta dipun amping-ampingi kiwa têngên. Kairing ing ampilan lopak-lopak sarta paidon sami salaka. Dipun grubyug ing kulawarga ingkang sami ngêtêrakên. Dumugi ing regol Tangkilan, pangirid lumampah [lum...]

--- 162 ---

[...ampah] wontên ngajênging pangantèn, lajêng lampahipun malêbêt ing pandhapa.

Tangkilan: "Mangga, bapak, lajêng kemawon."

Tamu: "Inggih."

"Lajêng mangalèr kemawon, putra wayah kathah."

"Inggih, nggèr."

"Ragi dalu rawuhipun, bapak?"

"Inggih, mawi ngêntosi sêntana-sêntana sampeyan ingkang sami sarju ngêtêrakên."

"Kula sumêlang manawi kêbêthêngên jawah wontên ing margi, dening mêndhungipun katingal nggandhul."

"Inggih, nanging anginipun midid, sagêd mbuncang mêndhung. Nggèr, lampah kula dipun kèngkèn raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang. Ingkang rumiyin ngaturakên ingkang taklim, kaping kalih nyaosakên panyantrinipun putra sampeyan pangantèn."

"Inggih, bapak, pangantèn sampun kula tampèni, sangêt ing panuwun kula. Taklim kula kemawon katura kangmas Radèn Dêmang Malang."

"Inggih."

"Bapak, manawi kaparêng, pangantèn kajêngipun lajêng ngaso kemawon, sampun kula sadhiyani pamondhokan."

"Kula sumangga, nggèr. Saha kula lajêng kalilan wangsul."

"Inggih."

Pangantèn lajêng kairid sarêng lan wangsuling para tamu. Tumut ngêtêrakên dumugi ing pamondhokan, kèndêlipun ing pamondokan ingkang ngêtukakên namung kantun sawatawis. Tumuntên angsal pisêgah wedang, minuman sarta panganan sami kapanggung. Lajêng pisêgah sêkul-ulam. Bibar nêdha lajêng tapuk kasukan sasênêngipun ngantos byar. Sumêrêp ngêlèki pangantèn. Pangantènipun inggih asring tumut kasukan, nanging namung sakêdhap, botên kenging natas. Ing pandhapa midadarèni mawi nayuban. Tamu alit ingkang botên

--- 163 ---

kaulêman panggihing pangantèn, nanging ing jaman sapunika, midadarèni wau botên mawi pasamuwan, namung kèndêl.

Sanggan pangantèn

Tangkilan: "Ibune!"

Radèn ngantèn: "Kula!"

"Kowe apa wis sadiya sangganing pangantèn lanang-wadon, kang kanggo nikahan dina sesuk?"

"Êmpun, nanging ming sangganing pangantèn èstri mawon. Sangganing pangantèn jalêr disanggi ngrika kiyambak."

"Rupa apa?"

"Wêrni: gêlaran bangka satunggil; pisang raja satangkêb, mawi milih sing jangkêp ulêrane, botên kenging ganjil; lawewênang satukêl; kaca, jungkat, suri, nyatunggil, mênyan saprapat katos, lisah sundhul langit sacupu, kunir kalih grigèh; kisi satunggil, kapuk kapas sarta pantun sawatawis: cikal kalih iji; tindhih arta suwang saprapat; arta srakah gangsal rupiyah sisih; brêkatan sêgah sêkul, ulam, panganan, sajodhang.

Sanggan pangantèn jalêr sami mawon kados criyos kula wau."

"Kowe apa ora lali mêjêmukan§ Asung dhahar andika nabi, sêkul wuduk, ulam lêmbaran ayam wêtah, kakêpung wanci jam 3 dalu. mêngko bêngi?"

"Botên, êmpun kula prentahake têng mbok Karyaboga."

"Sukur yèn ora lali mono, sarèhning akèh sing kopikir yèn kêslêmpit."

"Botên."

Pangantèn jalêr wanci enjing sampun sêsuci, namung mangangge pasatan sinjang-rasukan sêmbagi sawitan. Lajêng dipun dodoti badhe nikahan, nanging dèrèng kenging kakêrik. Mangangge: kampuh bangotulak;§ Pinggir sêratan têngah pêthak. ukup renda utawi moga pêthak; clana mori tinêpi ing renda pêthak; kuluk mathak pêthak; tanpa rasukan, binorehan kuning atal. Ngumbar kunca [kun...]

--- 164 ---

[...ca] kaampil, ngore rambut kapuntir, botên kenging mangangge sarwa mas, sanajan dhuwung kêdah kandêlan suwasa; nyêpêng kacu sêkaran.

Nikah

Sarêng wanci jam sadasa, dhawahing sangat: jabarail, slamêt. Pangantèn bidhal saking pamondhokan, lumampah dharat kinanthi para sêpuh sarta ginarubyug para akrabipun. Ngumbar kunca ingampil panakawan alit, alarah-larah mêkrok pindha mêrak kasimpir, lajêng lampahipun, njujug samadyaning pandhapa lênggah dhepokan. Ing ngriku sampun katatanan palênggahan, kagêlaran babut prangwadani. Pangantèn lênggah wontên ing têngah majêng mangilèn, nglênggahi gêlaran bangka ingkang kagêlar mujur mangilèn tumumpang ing babut. Pangulu lênggah wontên kilèn majêng mangetan ngajêngakên pangantèn. Têngênipun ngulama kêkalih ingkang minangka saksining panikah, lênggah majêng mangetan kapering mangidul saking pênêre lênggahipun pangantèn. Wali, bapakipun pangantèn èstri (utawi sadhèrèk jalêr tuwin akrab pancêr jalêr), lênggah wontên lèr megos majêng ngidul-ngilèn ngajêngakên lênggahing pangulu. Kasambêtan para akrabing pangantèn jalêr ngubêngi lênggahing pangantèn. Têmbungipun wali:

"Kyai pangulu, kula ngêrsaya ing ijêngandika, ijêngandika nikahakên anak kula wadon radèn lara Suwarni, ing Radèn Bagus Sarjana, kalawan maskawin salaka putih bobot satail."§ Maskawin punika ingkang limrah: salaka putih bobot satail wau = f 5. Nanging wontên maskawin warni kur'an, utawi sanès-sanèsipun lajêng katampèkakên sami sanalika, utawi sawênèh maskawin arta f 500 utawi f 1000, kasambut, punika namung supados ngawratakên pamêgating jalêr dhatêng èstri. Sawênèh wontên ingkang nyuraos makatên: salaka putih: kaya ingkang suci, ingkang kalal; bobot satail: kathahing kaya wau miturut murwatipun ingkang jalêr. Mênggah pikajêngipun: tiyang jalêr kuwajiban ngayani lan ngêsihi samurwatipun dhatêng bojo ing salaminipun gêsang. Mila ingkang kathah maskawin punika dipun sambut. Dados salaminipun gêsang tiyang jalêr punika gadhah sambêtan dhatêng tiyang èstri ing bab kaya lan sih. Sahipun manawi sampun tilar donya.

--- 165 ---

Sasampunipun pangulu nampèni prasabên punika lajêng kutbah.

Kutbah

Rapal: ... Makna:

1. Bismillahirrahmanirrahim ... 1. Awit ingkang asma Allah ingkang Maha Murah lan Maha Asih

2. Bismillahi walhamdulillahi ... 2. Awit ingkang asma Allah, sakèhing pangalêmbana konjuk ing Allah

3. Wassalatu wassalamu'ala rasulillahi ... 3. Rahmating Allah lan salaming Allah muga kaparingna marang Kangjêng Nabi Rasulullah

4. Sallallahu 'alaihi wassalama ... 4. Gusti Allah muga paringa rahmat lan salam marang Kangjêng Rasulullah

5. Usikum 'ibadallahi wanafsi bitaqwallahi ... 5. He, para kawulaning Allah; he, awakingsun dhewe, Ingsun pitutur ing sira kabèh, padha wêdia ing Allah

6. Ala ma amarallahu bihi min imsakin bima'rufin au tasrihin biihsanin ... 6. Anêtêpi sabarang kang wus diparentahake dening Allah, kaya ta: amêngku bojo kalawan bênêr bêcik, utawa pamêgat kalawan alus.

Sasampuning kutbah pangulu lajêng nandukakên ijabing panikah makatên:

Pangulu: "ingsun nikahakên radèn lara Suwarni anak wadone Radèn Ngabèi Tangkilan, ing sira Radèn Bagus Sarjana, kalawan maskawin salaka putih bobot satail."

Pangantèn jalêr lajêng nungka mangsuli miturut wicantêning pangulu: "Kula tarima ing panikahe Radèn Lara Suwarni anak wadone Radèn Ngabèi Tangkilan ing kula kalawan maskawin salaka putih bobot satail."

Kèndêl, pangulu lajêng wicantên: "Kakêncèng punapa kasambut?"

Pangantèn mangsuli: "Kasambut."Sampun kawêling sadèrèngipun.

Pangulu lajêng nawèkakên dhatêng bapakipun pangantèn èstri, têmbungipun: "Sampeyan punapa narimah maskawine putra sampeyan dipun sambut?"

Wangsulaning bapakipun pangantèn èstri: "Narimah."

--- 166 ---

Pangulu lajêng ndonga:

Donga

Rapal: ... Makna:

1.Barakallahu lakuma ... 1.Gusti Allah muga paringa barkah marang sira pangantèn sakaloron

2.Allahuma alif bainahuma ... 2.Dhuh Allah, Tuwan mugi angumpulna pangantèn sajodho punika

3.Kama allafta bainalmai waththini ... 3.Kadosa anggèn Tuwan angumpulakên toya kalihan êndhut

4.Allahumma thawwil 'umrahuma ... 4.Dhuh Allah, Tuwan mugi amanjangna umuripun pangantèn sajodho punika

5.Wasahhih ajsadahuma ... 5.Lan mugi anyarasna badan wadhagipun pangantèn sajodho punika

6.Wanawwir qulubahuma ... 6.Lan mugi amadhangna manahipun pangantèn sajodho punika

7.Watsabbit imanahuma ... 7.Lan mugi anêtêpna kaprêcayanipun pagantènpangantèn. sajodho punika

8.Waahsin a'malahuma ... 8.Lan mugi anyaèkna kalakuanipun pangantèn sajodho punika

9.Wawassi' arzaqahuma ... 9.Lan mugi angathahna rêjêkinipun pangantèn sajodho punika

10.Wailalchair aqribhuma ... 10.Lan pangantèn sajodho punika mugi Tuwan cêlakakên dhatêng kasaenan

11.Wa 'anisysyarri ab'idhum ... 11.Lan pangantèn sajodho punika mugi Tuwan têbihakên saking piawon

12.Waqdli hawaijahuma ... 12.Lan mugi Tuwan amaringana kabêtahanipun pangantèn sajodho punika

13.Fiddiêni waddunya walachirah ... 13.Kabêtahan ing bab agama lan kabêtahan tumrap ing akerat

14.Birahmatika ya arhamarrahimiên ... 14.Kalampahanipun ingkang makatên wau sadaya, asarana rahmat Tuwan, dhuh asih, asih, ing para asih

Ngulama kêkalih ingkang satunggil wicantên ndhawuhakên janji dalêm, têmbungipun: Ki pangantèn Radèn Bagus Sarjana, pakênira tampa janji dalêm, sampeyan-dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, samangsane pakênira nambang marang rabi pakênira: ora ngingoni, ora nyandhangi, ora ngomahi lan ora ngasihi, utawa pakênira tinggal lunga pitung

--- 167 ---

sasi dharatan, rong taun layaran, liyane nglakoni ayahan dalêm, tan trimane rabi pakênira Radèn Lara Suwarni, nganti rapak marang ki pangulu, runtuh talak pakênira siji, sarta tinagih maskawin pakênira salaka putih bobot satail."

Wangsulanipun pangantèn: "Inggih sandika."

Pangantèn lajêng salaman kalihan ki pangulu sarta ngulama kêkalih, saha lajêng ngabêkti dhatêng marasêpuhipun tuwin dhatêng para sêpuh ingkang pantês kinabêktenan, lajêng mundur dhatêng pamondhokan malih dandos badhe panggih.

Sarampunging panikah lajêng mêdalakên wilujêngan kirim donga dhatêng lêluhur: sêkul asah (ambêngan), ulam-ulamanipun maesa satunggal kagorèng, pindhang abrit, pindhang pêthak.

Panggih

Pangantèn jalêr dandos kêrik, lênggah gêlaran bangka mawi plèmèk sungsun pitu. Ing ngandhap kalambaran godhong kluwih, godhong apa-apa, dhadhap srêp, alang-alang sarta godhong kara. Ingkang ndandosi miji tiyang ingkang wasis dhatêng ulahing busana. Sajèn jajan pasar, jênêng abang, jênêng baro-baro, panggang tumpêng (ayam gêsang).

Mangangge kampuh gadhung mlati utawi banguntulak.§ Gadhung mlathi = pinggir ijêm, têngah pêthak; bangun tulak = pinggir biru sêpuh têngah pêthak.

Kampuh kêkalih wau ing pinggir pisan mawi sêsêratan kupu, kinjêng sarta pêksi, ukup renda. Clana cindhe gubêg, kuluk mathak biru, gêlung kêling mawi sêrat intên, panêtêp tiga lajêng sêmpyok. Mawi gombyok dhuwung sarta ngangge buntal, kacu kêmbangan, tanpa rasukan, borèh kuning garutan, ngumbar kunca kaampil, mawi patah lare alit kêkalih, ngampil lopak-lopak sarta paidon salaka.

Pangantèn èstri: paès, kirang sadalu sampun dipun alub-alubi, dipun kêrik cêngkoronganipun panggenan cênthung, enjingipun kadugèkakên malih. Paès punika bathukipun dipun dèkèki pidih,§ Pidih: ancur, ingkang kadamêl lilin pêthak kalihan godhong dhandhang gêndhis. kaistha jamangan, cacahipun gangsal.

--- 168 ---

Ingkang têngah agêng, kiwa têngênipun alit, lajêng alit malih. lajêng kasambêtan godhèg. Sanginggiling paès karêngga ing cênthung, cênthung punika sinom kakêthok lajêng dipun blêngkêr-blêngkêrakên alit-alit. Sagêdipun mblêngkêr sarana pidih, ndadosakên ing têngah nglowong, kathahipun sawêlas sisih. Lajêng dipun gandhèng kalihan bolah supados botên pisah. Patrapipun mayat, jèjèripun ing têngah inggil, lajêng andhap-andhap ngantos dumugi wêkasan pisan. Pupuripun kuning mawi dipun trapi kaestha kados lalêr mencok wontên têngahing athi-athi. Alisipun dipun istha kados sunguning mênjangan ranggah. Gêlung bokor mêngkurêb, kaisenan rajangan pandhan wangi wontên ing rajut, mawi roncèn jêjêlan sêkar mlathi, panjangipun kalih kilan, agêngipun satêkêm. Pasangipun wontên têngên, kumlèwèr dhawah ing dhadha têngên, dipun thèrèki cundhuk mêntul sanga, trapipun inggih mayat. Ing têngah inggil, lajêng andhap-andhap, lajêng panêtêp kiwa têngên wontên ngiringan. Semyok wontên wingking, mawi sêrat intên, sêngkang bapang,§ Sêngkang bapang: brumbunganipun panjang. sumping gajah ngoling, gêlang kêlatbau, kalung sungsun, kampuh banguntulak utawi gadhungmlathi. Kampuhanipun conthokan,§ Kampuhipun conthokan: kampuhanipun para putri. tapih cindhe seredan,§ Tapih cindhe seredan: nyampinganipun garwa dalêm nuju garêbêg. udhêt cindhe kêmbang, mawi buntal, tumrap sangandhaping conthok kampuh, kacu kêmbangan, patah lare èstri kêkalih, ngampil lopak-lopak sarta paidon salaka.

Gêntos kacariyos, ulêm tamu èstri jam nêm sampun sami dhatêng, Radèn Ngantèn Tangkilan, lajêng darbe atur dhatêng para tamu, têmbungipun: "Ibu Jayabadra, manawi kêparêng panjênêngan sampeyan kula aturi nêbus wayah sampeyan pangantèn dhatêng Martèngsarèn, kadhèrèkakên putra wayah sawatawis, namung lêlancaran nitih kareta kemawon."

Tamu: "Iya, bêcik, nggèr, sarat-sarating panêbus apa wis miranti?"

--- 169 ---

"Sampun, wontên ing bokor agêng kadadosakên satunggal."

"Bêcik priksanên dhewe ta, awit prakara panêbus iku, padha-padha isarat kalêbu gawat dhewe, yèn ora ganêp, amasthi dibalèkake."

"Inggih sandika: pisang raja satangkêb, kaca, jungkat, suri, lisah sundhul langit, lawe, kapuk kapas, kisi, agêl, kunir, asêm sarta mênyan. Sampun jangkêp, ibu."

"La dhuwite suwang saprapat, durung."

"Punapa mawi tindhih arta, ibu."

"Nganggo-nganggoa."

"Sampun kula dèkèki, ibu."

"Ayo, ndhuk, padha mangkat, iki wis wayahe."

"Mangga, mangga, mangga."

...

Gêntos kacariyos, sarêng ndhungkap pukul nêm, pangantèn jalêr saking pamondhokan dipun kanthi kiwa-têngên ing priyantun sêpuh kêkalih, kaayap ing kulawarga, lumampah dharat dipun songsongi, kunca kaampil ing lare, patah kêkalih mbêkta lopak-lopak sarta paidon salaka. Kajajaran ing kêmbarmayang sarakit, dilah lilin lêmbau sarakit, nyêpêng gantal§ Kênyehan sêdhah dipun walik, kaisenan jambe, lajêng dipun gulung katangsulan lawewênang. kêkalih kangge balangan. Lampahipun dumugi ngajêng pandhapa, kèndêl, ngêntosi adêging pangantèn èstri.

Pangantèn èstri, sadhatêngipun pangantèn jalêr lajêng ngadêg dipun kanthi kiwa-têngên ing priyantun sêpuh kêkalih. Pangantèn lajêng sami mlampah majêng. Dumugi ngajêng kori lajêng balangan gantal, lajêng panggih wontên ngajêng kontên.Kuluking pangantèn jalêr dipun bikak dhatêng priyantun sêpuh jalêr, lajêng dipun pupuki toya êmbun-êmbunanipun rambah kaping tiga dhatêng priyantun sêpuh èstri. Pangantèn èstri lajêng ndhodhok wontên ngajênging pangantèn jalêr sarta misuhi suku nyawuki toya sêkar sataman ingkang sampun cumawis wontên ing ngriku.

--- 170 ---

Pangantèn èstri lajêng mingêr wontên kiwaning pangantèn jalêr. Sarêng mlampah kanthèn, dipun sirup ing kêmbên sindur saking wingking dhatêng êmboking pangantèn èstri. Dumugi ngajêng kobongan ndhodhok lajêng lampah bokong. Pangantèn èstri ngalih wontên kiwa, lajêng sami lênggah wontên ngajêng kobongan, sarta lajêng kacar-kucur, têgêsipun: nyukani gunakaya.

Pangantèn jalêr minggah dhatêng ing kobongan, lajêng ngêsokakên kaya dhatêng pangantèn èstri, wontên ing gêlaran bangka ingkang sampun dipun sadhiyakakên wontên ing ngriku. Isining kacar-kucur: kacang, dhêle, yatra pêcah suwang saprapat, bêras kuning, katampèn wontên ing pangkonipun pangantèn èstri kalayan kacu, botên kenging kècèr. Para sêpuh ingkang ngamping-ampingi sami mungêl: "kacar-kucur, atuta kaya sadulur; kacang kawak, kadhêle kawak, atuta kaya sêsanak."

Isining kacar-kucur ingkang wontên kacu wau lajêng dipun tampèni dhatêng êmbokipun pangantèn èstri, lajêng kalêbêtakên ing klêmuk. Dene klêmuk punika sarakit, ingkang satunggal isi bêras kuning, kluwak, kêmiri gêpak-jêndhul, bendha, tigan ayam, yatra suwang saprapat, katunggilakên ing ngriku, kangge wilujêngan nyapêkêni pangantèn.

Satunggalipun isi toya têmpuran.§ Pamoring toya lèpèn kêkalih. Pangantèn èstri lajêng ujung talapakan dhatêng pangantèn jalêr. Sarêng sampun, pangantèn jalêr èstri lajêng dipun pangku ing pupu kiwa-têngên dhatêng bapakipun pangantèn èstri. Biyungipun pangantèn èstri, lajêng pitakèn dhatêng bojonipun, têmbungipun:

"Abot êndi, bapakne, anakmu lanang karo anakmu wadon?"

Wangsulanipun: "Padha bae."

Pangantèn jalêr èstri lajêng mudhun saking pangkon, sarta lajêng ngabêkti dhatêng bapa biyungipun. Tumuntên para sêpuh kakung-putri sami dipun ngabêktèni dhatêng pangantèn sakalihan. Wusana pangantèn lajêng malêbêt ing gêdhong

--- 171 ---

wetan, sumingkir badhe kangge dhatênging pangantèn kakangipun. Mêdalipun malih bilih kakangipun wau sampun dhatêng sarta sampun rucat pangangge panggih.

...

Gêntos kacarios malih, kengkenanipun Radèn Ngantèn Tangkilan, nêbus pangantèn dhatêng Martèngsarèn, karamean ing ngriku botên kacariyosakên. Têmbungipun: Kula nuwun, sowan kula ing panjênêngan dalêm, dipun kèngkèn abdi dalêm Radèn Ngabèi Tangkilan, jalêr èstri. Ingkang rumiyin ngaturakên ingkang sêmbah, katur raka dalêm gusti kangjêng pangeran, saha katur ing panjênêngan dalêm; ingkang kaping kalih manawi marêngakên saking ngarsa dalêm, putra dalêm pangantèn, kasuwun, punika panêbusipun."

Radèn ngantèn: "Iya, wa. - Paranyai, cacahna panêbuse iku apa wis ganêp, ora ana sing kêkurangan."

Paranyai: "Nuwun inggih sandika. - Nuwun sampun jangkêp."

Pangantèn sampun mirantos lajêng bidhal. Pangantèn jalêr numpak kapal èbèg-èbègan, kinêbutan ing lar badhak kiwa têngên. Pangantèn putri nitih joli, ingurung-urung waos, gumuruh swaraning tiyang. Obor anglur turut têpining margi madhangi ingkang sami lumampah dharat. Ndhungkap dumugi ing regol Tangkilan, Carabalèn mungêl barungan, katampèn ungêling Kodhokngorèk. Pangantèn putri kèndêl wontên samadyaning èmpèr pandhapa ngajêng, pangantèn jalêr kèndêl wontên samadyaning tarub. Minggah ing pandhapa lajêng kanthèn, mêdal têngahing pandhapa, kahurmatan para tamu sami ngadêg saking palênggahan kursi. Dumugi korining griya, kèndêl, dipun wisuhi kalih pisan, lajêng dipun bagèkakên dhatêng biyunging pangantèn jalêr, têmbungipun: "Anakku, nggèr, sukur bage sèwu olèhmu lunga dagang mulih olèh bojo."

Lajêng dipun sirup ing sindur lumampah dumugi ngajêng [nga...]

--- 172 ---

[...jêng] kobongan, lajêng lampah bokong. Pangantèn jalêr lênggah wontên têngên, pangantèn putri lênggah wontên kiwa. Tumuntên para gusti sarta para priyagung wadana kaliwon ingkang sampun sami yuswa sêpuh malêbêt ing griya, dipun ngabêktèni. Wusana pangantèn lajêng malêbêt ing gêdhong kilèn rucat pangangge.

Botên antawis dangu pangantèn kalih jodho sarêng mêdal saking gêdhong lênggah jèjèr wontên ngajêng kobongan. Pangantèn èstri jèjèr wontên têngah. Ingkang sêpuh: nêngênakên ingkang jalêr, ingkang nèm ngiwakake ingkang jalêr.

Panganggening pangantèn jalêr: bêbêdan sinjang alus, sabuk cindhe bara, kuluk kanigara, gêlung kêling, dhuwung mawi gombyok.

Panganggening pangantèn èstri: tapih cindhe seredan, dados namung cucul kampuh kemawon. Kêmbên banguntulak pradan, mawi slepe, gêlung agêng, nanging botên mawi koncèr sêkar kados kala panggih utawi dhatêngipun.

Ing ngriku sampun katatanan dhahar pista wontên ing jrambah, pangantèn jalêr ngêpêlakên sêkul ulêr-ulêr tigang glindhing, dipun dèkèkakên ing ajanging bojonipun.

Ing jawi gumuruh swaraning tamu lênggah dhahar pista kursèn wontên samadyaning pandhapa. Salêbêting dhahar ungêling gangsa botên kèndêl, kasindhenan ing ringgit wontên pêngkêraning pinarakanipun pangagêng. Ndungkap nêngah-nêngahi dhahar, kasêlanan kondhisi kados ing ngandhap punika:

Kondhisi

I. "Punika wilujênging pangantèn kalih jodho, sanajan para sinatriya saha para priyantun ingkang sami rawuh ing pasamuwan punika, kenging katêmtokakên mêsthi sami rêna ing galih, saha mangayubagya miwah mangastuti ing dhaup sarta dhatêngipun pangantèn. Ewadene, sarèhning botên prêlu sami nglairakên ciptanipun piyambak-piyambak, mila kula ingkang nggagahi

--- 173 ---

minangka saliranipun para sinatriya saha para priyantun wau. Punapa dene ngringkês ciptanipun kados ingkang kula lairakên punika:

Mugi-mugi ingkang Maha Kuwasa tuwin lêluhuripun pangantèn kalih jodho wau nglulusna anggènipun jêjodhoan ing salami-laminipun kanthi wilujêng saha kasarasan. Wondene ingkang minangka pratandhaning ciptanipun para sinatriya miwah para priyantun, ingkang makatên samantên wau, inggih punika anggènipun sampun kalampahan karsa ngunjuk sêsarêngan saha lajêng sami surak: Huse! Huse! Huse!"

II. "Sarèhning andiking ujwalanipun pangantèn kalih jodho miwah lèjêming para sêpuh tuwin akrabipun, mratandhani sami ngrênggêp pangastutinipun para sinatriya miwah priyantun ingkang sampun kalairakên dhatêng priyantun satunggil wau. Nanging sarèhning sami botên kaconggah nglairakên bingahing manahipun ingkang kanthi wêwangsulaning pangastuti ingkang sampun kalair wau, mila murih sampun ngantos kêmba ing pasamuwan, wêwangsulaning panuwun ingkang binatos wau, kula lairakên: Mugi-mugi para sinatriya miwah priyantun ingkang wontên ing pasamuwan punika sadaya, kasêmbadana ing sakarsanipun piyambak-piyambak, kanthi kasugêngan sarta kasarasan ing salami-laminipun: Huse! Huse! Huse!"

III. "Ing sapunika para sinatriya miwah priyantun ingkang sami pinarak wontên ing pasamuwan punika, raharjaning ciptanipun prasasat sampun kalair sadaya. Mila sampun sêdhêngipun sami tampèn-tinampèn panduming pamuji wilujêng. Ing wusana mugi sampun ngantos kacuwan anggènipun sami lêlangên wontên ing pasamuwan ngriki sadalu punika: Huse! Huse! Huse!"

--- 174 ---

IV. "Pungkasaning pangunjuk, para tamu sadaya sami mêmuji raharjanipun Radèn Ngabèi Tangkilan sagarwa-putranipun, sarta mugi-mugi kasêmbadana pangajêng-ajêngipun kados ingkang sampun kalampahan punika: Huse! Huse! Huse!"

Jumênêng lajêng satata lênggah malih ing palênggahanipun piyambak-piyambak. Ringgit wiwit njogêd wontên samadyaning pandhapa gêndhing gambirsawit.

Pangantèn jalêr kêkalih dipun pêthuk mêdal dhatêng pandhapa, kadhawahan njogêd. Pangantèn sêpuh ngundhuh sapêkên ingkang njogêd rumiyin, gêndhingipun boyong pelog pathêt barang, kalarihan para agêng tigang rambahan suwuk. Lajêng pangantèn nèm ingkang mêntas panggih gêntos njogêd, gêndhingipun Êla-êla slendro pathêt sanga, kalarihan para agêng tigang rambahan suwuk.

Nayuban punika bilih ingkang kagungan damêl prayagung wadana-kaliwon minggah, tanpa tombokan. Bilih priyantun panèwu mantri mangandhap, mawi.

Pangantèn jalêr kêkalih lajêng sami wangsul dhatêng griya tumut kasukan kalihan para putri. Lênggahipun nglêmpak wontên lèr. Pangantèn putri sêpuh, nêngênakên ingkang jalêr. Pangantèn èstri nèm, ngiwakakên ingkang jalêr, kados lênggahipun wontên ngajêng kobongan.

Sarêng sampun kèndêl bêdhug dalu, pangantèn sêpuh dipun atag ngaso tilêm wontên gêdhong kilèn. Pangantèn ingkang mêntas panggih, dipun atag ngaso tilêm dhatêng kobongan. Ingkang èstri mlêbêt rumiyin tilêm wontên sisih wetan, ingkang jalêr lajêng nusul tilêm wontên sisih kilèn, dipun lêt-lêti guling, samiring kobongan lajêng dipun tutup. Antawis sajam, kinintên sampun tilêm, lajêng dipun coloki, sadalu ngantos rambah kaping tiga.

Enjingipun pangantèn èstri ingkang mêntas panggih rucat

--- 175 ---

paès. Tilasing cênthungipun ngrompyoh dening pagas dados cêndhak, botên sagêd katut kalihan rêbahing rambut panjang kagêlung.

Ing wanci enjing wau nglêmpak bujana, nanging kêdah sêkul jajanan.

Lêt tigang dintên, besanipun jalêr èstri kanthi akrab sawatawis, tuwi, mawi mbêkta sangu sêkul, ulam, panganan kalih jodhang, punika lajêng kawêdalakên dados pisêgah lajêng sami nêdha. Bibar nêdha, mantuk.

Sarêng sapêkêning pangantèn kaundhuh, pasamuwaning pikramèn sarta patrap-patrapipun sami kemawon, lêt kalih dintên gêntos tuwi.

Sarêng sampun antawis sapêkên, pangantèn katingal sampun manuh, punika pangantèn jalêr dipun pitakèni êmbokipun: punapa sampun atut? Pangantèn jalêr botên kenging kumbi, kêdah blaka. Bilih sampun, lajêng dipun damêlakên jampi dlima pêthak, ing nglêbêt kakrowok, isinipun kabucal linintu majakan, katangsulan lawewênang, lajêng kawungkus dipun kukusakên dang. Punika dipun sukakakên ingkang jalêr klawan winadi. Lajêng dipun mamah kacêkokakên ingkang èstri kairas sami cangkêm, wontên ngajêng patanèn. Punika paedah badaning èstri botên sagêd mbêdhah lêma, sarta enggal wawrat.

Sarêng sapêkêning pangantèn, saking pangundhuhipun, kajêngipun radèn ngabèi Tangkilan, Radèn Bagus Suwarna kasukanan nama Radèn Jayapuspita. Dene kajêngipun Radèn Dêmang Malang, Radèn bagus Sarjana kasukanan nama Radèn Jayapakiringan. Lêstantun botên wontên sangsayanipun, sami mbagunturut dhatêng tiyang sêpuhipun. Namakakên sêpuh punika inggih mawi wilujêngan sêkul janganan, kados namakakên lare, sarta bedanipun mawi sêkul punar.

--- 176 ---

Tiyang ngajal

Gêntos kacariyos, Radèn Ngabèi Sasak, sampun yuswa sêpuh, nandhang gêrah sarira lêsah. Gêrahipun sangsaya santêr, para putra wayah sampun ngintên ing sedanipun, sampun ngalêmpak wontên ing ngiringan kiwa têngên, sarta ing dagan. Nyai ajêng wontên ulon-ulon, dipun sèndhèni. Sarêng badhe wapat, lajêng dipun sèlèhakên lirih, tingal dipun silir (kasirup) supados mêrêm. Janggut kasanggi, supados mingkêm. Napas sangsaya ngangsur, wusana pêcat. Tangis gumêrah.

Nyai ajêng botên sagêd nangis, putêg manahipun. Ciptanipun botên liya namung badhe bela pati. Lajêng wicantên: "Dèn bèi, mangsa bodhoa pamikirmu, atiku kuwur, arêp turu sadhela, ora kêna disayuti aripku."

Tangkilan: "Mbok kasabilakên rumiyin ta, bu."

Dèrèng dumugi wicantênipun Radèn Ngabèi Tangkilan, nyai ajêng nglêgèyèh dhawah, kacandhak dhatêng putra wayah sampun ical, nututi seda sarêng kalihan ingkang raka, ndadosakên tambahing susahipun Radèn Ngabèi Tangkilan. Lajêng wicantên; "Puluh-puluh kêpriye, ibune, wis bubuhaning manungsa kêslendhangan ing bungah susah. Ayo iki padha dikeblatake ujure, aja mujur mangulon mangkene."

Radèn ngantèn: "Mangga, samang ontên nginggil, putra wayah ontên ngandhap."

"Iya. Wis bênêr keblate, mujur ngalor-ngulon sathithik. - Amatsêmangi apa wis ana ing kono?"

Panakawan: "Sampun, malah sampun mbêkta kanca ngulama sakawan."

"Konên mlêbu ing omah kabèh."

"Nun inggih. - Mbah, samang sêdantên ditimbali têng dalêm."

Amatsêmangi: "Iya. - Êngga, padha mlêbu têng dalêm."

Ngulama: "Êngga, ."

Tangkilan: "Amatsêmangi sakancamu, bapak ibu salatna."

--- 177 ---

"Inggih sandika."

Tangkilan: "Panakawan!"

Panakawan: "Nun kula."

"Nimbalana kapêdhak."

"Nun inggih. - Kang Jayalumaksa, samang ditimbali ndara bèi."

Kêpêdhak; "Sandika."

"Jayalumaksa!"

"Nun kula."

"Kowe lumakua mênyang pasarean ing Gambiralaya, awèha wêruh marang Si Rêksatani, yèn bapak ibu seda. Konên gawe kluwat loro ana sangisoring sêkarane eyang mênggung kakung putri, lan aku njaluk pêthukan wong desa suwidak, bakal mikul layon loro gêntenan karo kang nggawa tumbak sarta ampilan, têkaa dina sesuk wayah jam pitu esuk."

"Nun inggih sandika. Punapa sampun têrang?"

"Mêngko ta, dhisik. - Jayapuspita!"

Jayapuspita: "Kula."

"Eyangmu sakarone ukurên ing wilah, yèn ukur tali sok tuna dungkap. Dikapara kobèt, arahên lêbuning tabêla ing kluwat: kiwa têngêne sarta ngisor dhuwure isiha sakaki mubêng."

"Inggih sandika. - Gilo, pak, ukure. Sing rada dawa iki ukure eyang kakung, sing cêndhak eyang putri."

Jayalumaksa: "Kaparingakên. - Sampun têrang dhawuh panjênêngan?"

Tangkilan: "Uwis. - Jayapakiringan!"

Jayapakiringan: "Nun kula."

"Mataha wong, ngaturi uninga marang para sêpuh lan marang para sanak sadulur, sedane eyangmu kakung putri. Sarta bakal dak sarèkake ana ing Gambiralaya, angkate sesuk jam sapuluh."

"Nun inggih sandika."

--- 178 ---

Tangkilan: "Amatsêmangi!"

Amatsêmangi: "Nun kula."

"Ing dagane bapak-ibu pirantènana anglo loro kanggo kutug. Tunggunên aja kongsi mati, sarta aja kongsi kandhêg kutuge."

"Inggih sandika."

Tangkilan: "Thole Jayapuspita, yèn anak-putu wis padha nglumpuk, eyangmu arêp dak sucèni barêng. Anak putu lanang: mangku bapak; anak putu wadon: mangku ibu."

Tiyang pêjah botên gadhah waris, utawi pêjah nandhang mêmala, anggènipun ngêdusi botên kapangku, namung kalambaran sigaran gêdêbog katugêl-tugêl antawis kalih kaki panjangipun.

Jayapuspita: "Sampun nglêmpak, saha sami cumadhong dhawuh."

Tangkilan: "Panggonane apa wis kopikir?"

"Sampun, saubêngipun kula tutup ing mori, nginggil kula tutup ing kampuh. Prênahing jêmbangan wontên kiwa sadaya, nggangsal, sampun mirantos sasiwuripun pisan. Ujuripun mangetan, dhingklikipun panjang ingkang badhe dipun lênggahi ingkang mangku, kêkalih, kiwa têngên, dados wontên sakawan."

"Ibune, kowe apa wis miranti?"

Radèn ngantèn: "Êmpun, landha mêrang kagêm jamas, suwekan mori kagêm kosokan, arêng jati kêgêm lathi, mêrang kangge ngrêsiki kênaka."

Tangkilan: "Pasatane cêpakna."

Putra-wayah: "Nun sampun."

"Thole, ngajaka sadulur-sadulurmu, eyangmu kakung-putri nuli siramana, yèn kêlar angkatên wong têlu bae, supaya ora suk-sukan. Yèn ora, iya wong lima, ora kêna ganêp, kudu ganjil."

Jayapuspita: "Inggih sandika. - Ayo, adhi-adhi padha nuli

--- 179 ---

tumandang. Bêbêdmu kuwi kok klèmbrèh têmên, mbok padha cancut, gene, mêngko nèk pada kasrimpêt tundhabema."

Jayapakiringan: "Mangga, kangmas wontên nginggil, dados urut sêpuh."

Jayapuspita: "Iya, bênêr. Wis ayo, singêbe aja nganti nglingkab."

Tangkilan: "Alon-alon. - Kang arêp mangku kuwe apa wis padha miranti kabèh?"

Putra-wayah: "Sampun, kanca gangsal."

"Wis, aja kongsi kêndhat anggonmu padha nyiram. Nuli landhane kuwi agêm jamas. Yèn wis, nuli dhêngkakên cikbèn atus."

"Punika sampun rêsik."

"Iya mêngko sadhela. - Amatsêmangi, bapak ibu sucènana!"

Amatsêmangi: "Inggih sandika."

Lajêng kagrujug ing toya klênthing mangandhap rambah kaping tiga.

"Amatsêmangi, kowe mrantènana ulês kaya adat yèn ana sedan."

"Sadèrèngipun kadhawuhan sampun kula pirantosi sadaya, saha sampun kula tata wontên ing dalêm, kula damêl rangkêp pitu."

"Tabêlane apa wis kojupuk saka ing gêdhong parawatan?"

"Sampun."

"Apa ora kliru sing kayu jati sadhiyan sêntana?"

"Botên. Ingkang kula pêndhêt tabêla kajêng tlasih saha sampun wontên sêsêratan agêmipun rama tuwin ibu ijêngandika."

"Sampun, kala wau enjing, saha sampun kula sorotakên ing srêngenge sakêdhap. Sarêng mangkat nyirami, tabêla kula lêbêtakên ing dalêm lajêng kula pirantosi pisan, ing nglêbêt

--- 180 ---

kula lapis ing mori, saha mawi kasuran isi rajangan pandhan wangi, punapadene gêlu têtiga."

"Sukur yèn wis miranti kabèh. Wis ayo, nuli padha angkatên mênyang dalêm, aja kongsi kliru ênggone kaya olèhmu nggawa dhisik mau."

Jayapuspita: "Inggih botên. - Ayo barêng, sirah dhisik."

Amatsêmangi: "Alon, ndara, alon. Sampun, kula aturi sumingkir sadaya. Sapunika kula sakanca ingkang sami nggadhahi wajib mirantosi."

"Wis ora ana sing kêkurangan pirantine kuwe?"

"Sampun jangkêp, ulês rangkêp pitu dalah tangsulipun suwekan mori pêpitu."

"Thole Jayapakiringan, olèhmu mirantèni ampilan utawa rêrêngganing layon, apa iya wis ora ana sing kêkurangan?"

Jayapakiringan; "Kados botên, lopak-lopak, pakêcohan, sabêt, lantaran (têkên), lampit, sami kabuntêl ing mori. Songsong agêmipun eyang ingkang kula angge ingkang agêng, nanging ingkang sampun masêm. Dhandhan sarta mênuripun kabuntêl ing mori. Sosog wadhah dupa garanipun kabuntêl ing mori. Waos jajaran salawe sisih kalêbêt bandêra kêkalih, sampun sami dipun ulêsi mori."

"Klangênane eyangmu manuk bêrkutut loro Si Kadukmanis lan Si Sampêiati, apa ora klalèn kogawakake pisan?"

"Botên, sêngkêranipun ugi kula krukub ing mori."

"Sukur, iku mêngko yèn wis têkan pasarean Gambiralaya, uculna, kurungane dokokna ing pasarean bae."

"Inggih sandika."

"Pirantining layon apa wis ora mutawatir, kaya ta: pêpêsing pikulan, rantasing tali sapêpadhane?"

"Kados inggih botên. Rêmbatanipun bongkotanipun dêling wulung sampun pêndhak katingal sampun kêlang. Lajêng kula blongsong ing mori, tangsulipun duk ura-ura kagayutakên [kagay...]

--- 181 ---

[...utakên] kalihan tabêla, mawi andhungan kalih gulung kangge ngèrèk udhuning tabêla ing kluwat."

"Apa wis kogawèkake maejan?"

"Sampun."

"Apa ora kliru?"

"Klintu kadospundi?"

"Maejan lanang iki lincip, maejan wadon papak."

"Botên. sampun klêrêsan."

"Sawur apa ora klalèn?"

"Botên, kula wadhahi ing bokor agêng kêkalih. Ingkang kula patah ngampil bêkêl kêkalih sarwi nyêbarakên sabên wontên ing margi prapatan, sarta mawi kajagi ing tiyang kêkalih bilih dipun rêbat ing bajingan wontên ing margi."

"Amatsêmangi, yèn wis rampung olèhmu mirantèni bapak ibu, banjur lêbokna ing tabêla."

Amatsêmangi: "Inggih sandika."

Lêbêting tabêla, tangsuling mayit kauculan sadaya, rai dipun bikak, kairingakên mangilèn, tabêla lajêng katutup kalapis ing mori. Sanginggiling tabêla kadèkèkan oncèn-oncèn sêkar mlathi, saubêngipun kinayuapu sarta rêrênggan sanès-sanèsipun.

Tangkilan: "Thole Jayapuspita, iki wis ngarêpake jam sapuluh, yèn wis rampung eyangmu angkatna."

Jayapuspita: "Inggih sandika."

Ingkang ngêdalakên layon saking griya kêdah anak putu sarta kulawarganipun piyambak. Dumugi ing ngajêng pandhapa, kèndêl, layon kaalangakên, sirah wontên kilèn, anak putunipun ingkang taksih lare utawi dipun êmban, dipun susupakên ing ngandhap layon, wongsal-wangsul ngantos rambah kaping tiga, layon lajêng bidhal. Ingkang mikul kagêntosan bau dhusun. Para tamu tumut bidhal ngurmati ndhèrèkakên layon ngantos sawatawis têbihipun. Lêstantun lampahing layon sampun dumugi ing pasarean Gambiralaya.

--- 182 ---

Jayapuspita: "Rêksatani!"

Rêksatani: "Kula, ndara."

"Olèhmu gawe kluwat apa wis rampung?"

"Sampun."

"Jêrone sapira?"

"Sampun sadêdêg sapangawe, ndara, sarta sampun nyandhak siti padhas bêras. Dene panjang wiyaripun sampun nêtêpi dhawuh miturut ukur langkung sakaki mubêng."

"Wongmu cilik apa wis padha sadhiya ing gawe?"

"Sampun."

"Kaume wis ana?"

"Inggih sampun."

"Kaum sakancamu wong mutihan, bapak-ibu salatna sadurunge dak lêbokake ing kluwat."

Kaum: "Inggih sandika. - Punika sampun rampung."

"Rêksatani, miliha bau kang santosa wong nêm, kang loro njagani ana ngisor dhuwur, kang papat ngèrèk udhuning tabêla loro sisih."

"Inggih. - Kowe wong loro njaganana, lan kowe wong papat nyêkêlana tali kèrèkan tabêla."

Narakarya: "Inggih, inggih."

Jayapuspita: "Apa wis sumèlèh tabêlane?"

Narakarya: "Sampun."

"Keblatna mujur ngalor mèncèng ngulon sathithik."

"Samantên?"

"Wis, samono bae sêdhêngan."

Lajêng kaurugan alon-alon, ingkang nênggani sami tumut nyêmplungakên siti.

Narakarya: "Punika urugipun sampun mèh kêbak."

Jayapuspita: "Wis, aja kokêbaki dhisik, maejane iku pasangên, kang siji pênêr sirah, sijine pênêr pusêr. Wis tutugna uruge. Payunge panjêrên ana ing têngah."

--- 183 ---

"Punika sampun."

"Kaum, donganana talkin."

Kaum: "Inggih sandika."

"Pak Rêksatani, aku banjur budhal mulih saka ing kene bae pisan, ora mampir mênyang omahmu."

Rêksatani: "Kadospundi, ndara, ing griya sampun dipun sadhiyani pisêgah sawontên-wontênipun."

"Wis bangêt panrimaku, sarta pisuguhmu prasasat wis dak tampani."

Ngijing

Tangkilan: "Nganti sore têkamu, apa mampir ngaso mênyang omahe Rêksatani?"

Jayapuspita: "Botên, mila ngantos ragi dalu, ing lampah namung sasêlot-sêlotipun kemawon, rêmbên dening lampahipun kanca èstri. Badhe kula tilar rumiyin, mêsakakên."

"Bênêr, wong kowe sing dadi pandomaning laku. Kapriye lakuning dalan lan sumarene?"

"Kulunun, lampah ing margi wilujêng botên kajawahan, sarta botên kapanasan dening kawradinan mêndhung. Sumiliring angin samargi-margi nyakecakakên tiyang lêlampah sarta nyandèkakên jawah. Sumarenipun pukul gangsal sontên, pukul nêm bidhal mantuk, dumugi nagari pukul sadasa."

"Sumarene ora kliru?"

"Botên. Wontên daganipun eyang mênggung kakung-putri."

"Ngèngèhaku lan ngèngèhane ibumu, isih ana?"

"Taksih kobêt, malah kula sasêdhèrèk taksih sagêd angsal panggenan."

"Sukur yèn isih kobèt mono. Jurukunci apa wis koprentahi aja kongsi ana wong mati dipêndhêm ing kono, dipêndhêma ing plataran bae?"

"Sampun kula dhawuhi kados sapangandika punika."

--- 184 ---

"Pasareane eyangmu bêcik pikirên eyub-eyube (cungkup), mêsakake kênthang-kênthang kapanasan."

"Inggih sandika. Mênggah karsa panjênêngan namung kangge tambêl bêtah rumiyin, punapa kadamêl ingkang prayogi pisan?"

"Karêpmu kêpriye?"

"Kajawi parêngipun panggalih panjênêngan, kados prayogi kadamêlakên cungkup pisan, botên mbêbècèr bandha."

"Layake iya saya prayoga. Yèn karêpmu kocungkup, malah arêp dak sêkari pisan."

"Sumêrêp kula bilih dèrèng têlas wilujênganipun sèwu dintên, dèrèng kenging nyêkar."

"Sumurupmu iku kliru, ora waton êntèking sidhêkah mêngkono, watone wong kêna ngijing marang lêluhure: mung yèn wis mantu. Mangka aku wis mantu, dadi ing samangsa-mangsane kêna nyêkar, sanadyan lagi sêmare banjur dak sêkari, iya kêna bae."

"Bilih makatên, kula sangsaya bingah, cungkup dados, sêkaranipun sampun sadiya. Sêkaran mêling dhatêng pundi?"

"Mêkasa marang Kyai Selakrêti bae, njaluka kang lugas. Pangrasaku bêcik kang lugas tinimbang karo kang tinatah."

"Kula inggih makatên, rêmên ingkang lugas. Mênggah pangaosing sêkaran ingkang sae ngantos pintên?"

"Mawa-mawa watune, bêcik padha bêcik, yèn watu itêm larang rêgane, mèh tikêl lan rêgane watu bêras. Dene rêrêngganing kijing kèh-kèhe slawe rupiyah, iku wis olèh watu itêm, garapane apik. Kang murah dhewe bisa olèh pitung rupiyah sèkêt sèn."

"Kula lajêng badhe mêling ingkang rêgi slawe rupiyah satunggal. Sarèhning sêkaran kalih, dados sèkêt rupiyah."

"Iya, nanging aja kobayar dhisik, manjêrana bae kijing siji limang rupiyah, kijing loro sapuluh rupiyah, supaya kowe bisa ngrèwèli yèn ana alaning panggarape. Karodene manèh kowe banjur mirantia bandha wêdhi gamping sarta bata sacukupe, [sacu...]

--- 185 ---

[...kupe,] karêpku besuk wilujêngane satus dina banjur dak sêkari."

"Inggih sandika."

Mayit Islam

Sadhengah mayit Islam gadhah pamêsthian kawan prakawis, kawajibakên dhatêng tiyang Islam ingkang taksih gêsang, nama pêrlu kifayah, têgêsipun: kawajiban ingkang cêkap dipun kuwawèni dening tiyang satunggal kemawon.

Mênggah pamêsthian kawan prakawis wau wijangipun:

1. Mayit Islam wau kêdah dipun dusi

2. Dipun ulêsi

3. Dipun sêmbahyangakên

4. Dipun pêndhêm.

Wontên ugi mayit Islam kalih warni ingkang botên kenging dipun dusi, sarta botên kenging dipun sêmbahyangakên, wajibipun namung dipun ulêsi kalihan dipun pêndhêm kemawon, inggih punika:

1. Tiyang pêjah said, têgêsipun pêjah pêrang mêngsah tiyang kapir, sanadyan ngrêbat agami utawi namung amrih jarahan.

2. Bayi lair sadèrèngipun mangsa, mangka dèrèng wontên tandhanipun gêsang, kados ta: cumêngèk, ambêkan, ngrêjêt sasaminipun.

Ngêdusi mayit

Ngêdusi mayit punika botên susah mawi niyat sampun kenging, nanging sunat utaminipun inggih mawi niyat makatên:

Nawaitu adaa fardlil ghasli 'an hadzal maiyiti ... Niyatingsun nindakake pêrlune ngêdusi mayit iki

Mayit sadèrèngipun dipun dusi, sunatipun kêdah dipun wuloni rumiyin. Lampah-lampahipun botên beda kalihan wulunipun tiyang gêsang, sanadyan niyatipun muloni inggih wajib tumrap sahipun wulu. Niyatipun makatên:

Nawaitu adaalwudlui 'an hadzal maiyiti ... Niyatingsun nindakake muloni mayit iki

--- 186 ---

Sarampungipun muloni, mayit lajêng dipun dusi kados caranipun adusing tiyang gêsang, ngilèkakên toya wontên saranduning badan, ngulapi najis-najis, ngulapi rêgêd-rêgêd ingkang ngaling-ngalingi ilining toya.

Sunatipun ngêdusi mayit punika rambah kaping tiga utawi kaping gangsal, utawi langkung, rambahipun ganjil. Dene rambahan ingkang sapisan sunat mawi landha utawi sabun utawi mangir.

Ngulêsi mayit

Sarêng sampun dipun dusi, mayit wajib dipun ulêsi mawi sinjang pêthak rangkêp tiga, kajawi rasukan kalihan ikêt. Sinjang ingkang kangge ulês wau kêdah jinisipun sinjang ingkang kenging dipun angge dening pun mayit nalika taksih gêsang. Dados mayit jalêr botên kenging dipun ulêsi mawi sutra, awit tiyang jalêr gêsang botên kenging ngangge sutra.

Nyêmbahyangakên mayit

Mayit sasampunipun dipun dusi sarta dipun ulêsi, sanadyan dèrèng dipun lêbêtakên ing tabêla utawi sampun, punika lajêng dipun sêmbahyangakên. Dene ingkang nyêmbahyangakên wau tiyang satunggal kemawon sampun cêkap. Ewadene utaminipun wontêna tiyang kawandasa utawi langkung, awit kacariyos: pakêmpalaning tiyang Islam jangkêp kawandasa punika mêsthi wontên walinipun. Mênggah lampah-lampahipun nyêmbahyangakên mayit punika makatên:

Mayit dipun ujurakên ngalèr, tiyang ingkang badhe nyêmbahyangakên ngadêg wontên sawetaning mayit majêng ngilèn, kalayan sampun samêkta: sampun wulu sarta sampun rêsik awakipun dalah sandhanganipun botên katèmpèlan najis, punapadene nguratipun sampun katutupan brukut. Lajêng niyat makatên:

Usalli 'ala hadzal jinazati fardlan lillahi ta'ala ... Ingsun salat tumrap ing atase mayit iki, pêrlu karana Gusti Allah tangala

Lajêng maos takbir:

Allahu akbar ... Allah iku luwih dening agung

--- 187 ---

Lajêng maos Patekah kados salat ingkang limrah. Lajêng takbir malih kados ingkang sampun wau. Lajêng maos slawat nabi:

Allahumma salli 'ala saiyidina muhammadin wa'ala ali saiyidina muhammad ... Dhuh Allah, Tuwan mugi paringa rahmat dhumatêng gusti kula Kangjêng Nabi Muhammad, lan dhatêng putra santananipun gustu kula Kangjêng Nabi Muhammad.

Lajêng takbir malih kados ingkang sampun wau. Lajêng maos donga tumrap dhatêng mayit:

Allahummaghfir lahu warhamhu wa'afihi wa'fu 'anhu ... Dhuh Allah, tuwan mugi ngapuraa dhumatêng mayit punika, lan ngasihana dhumatêng mayit punika, lan mugi paringa nikmat ingkang nêntrêmakên mayit punika, lan mugi amuwunga dhumatêng mayit punika.

Lajêng takbir malih kados ingkang sampun wau. Lajêng ndonga makatên:

Allahumma la tahrimna ajrahu wala taftin na ba'dahu waghfir lana wa lahu ... Dhuh Allah, tuwan mugi sampun mêpêt ganjaranipun nyalatakên mayit punika dhumatêng kula, lan mugi sampun maeka dhumatêng kula sasampunipun punika, lan mugi ngapuraa dhumatêng kula lan dhumatêng mayit punika.

Lajêng uluk salam kalayan nolèh nêngên lajêng nolèh ngiwa. Ungêlipun kaping kalih pisan makatên:

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuhu ... Katêntrêman, lan rahmating Allah, lan barkahing Allah, muga têtêpa ing sira kabèh.

Wajibipun nyêmbahyangakên mayit punika namung sapisan, botên susah dipun kaping kalihi.

Mêndhêm mayit

Pandhudhuking kubur ingkang badhe kangge mêndhêm mayit punika lêbêtipun kêdah sadêdêg sapangawe, mawi karas utawi landhak. Manawi angsal siti ingkang atos, utaminipun kêdah mawi kalandhak.

--- 188 ---

Mayit manawi sampun kalêbêtakên ing tabêla, lajêng kaangkatakên dhatêng kubur, dumugi ing kubur lajêng kalêbêtakên ing kluwat, kairingakên madhêp ing keblat, majêng ngilèn, kapara minggir mangilèn. Dene ingkang ngiringakên wau mungêla makatên:

Bismillahi wa'ala millati rasulillahi ... Awit ingkang asma Allah, lan anêtêpi agamane Kangjêng Rasulullah.

Mayit lajêng dipun adani kados adan ingkang sampun kalimrah.

Karas utawi landhakan lajêng dipun tutup mawi blabag sasaminipun, kubur lajêng dipun urugi.

Sintên ingkang tumut ngurugi kubur nalikanipun ngêbyukakên siti ingkang sapisan, mungêla makatên:

Minha chalaqnakum ... Sira kabèh padha ingsun dadèkake saka ing lêmah

Nalika ngêbyukakên siti ingkang kaping kalih, mungêla makatên:

Wafieha nu'idukum ... Lan sira kabèh ingsun balèkake dadi lêmah manèh.

Nalika ngêbyukakên siti ingkang kaping tiga, mungêla makatên:

Waminha nuchrijukum taratan uchra ... Sira kabèh bakal ingsun wêtokake saka ing lêmah sapisan êngkas.

Kubur lajêng dipun urugi ngantos sarampungipun. Sasampuning rampunrampung. lajêng dipun waosakên talkin. Dene ingkang maos talkin wau lênggah utawi ndhodhok wontên sakilèning punthuk kubur majêng mangetan, tiyang kathah sami mirêngakên.

Talkin

Rapal: ... Makna:

1. Subhana man ta'azzaza bilqudrati walbaqai ... 1. Maha suci Allah ingkang maha mulya, ngagêm sipat kuwasa sarta langgêng

2. Waqaharal 'ibada bilmauti walfanaai ... 2. Lan amisesa para kawula kalawan pati lan rusak

3. Kullu nafsin dzaiqatulmauti ... 3. Sadhengah awak iku mêsthi angicipi pati

--- 189 ---

4. Wainnama tuwaffauna ujurakum jaumal qiyamah ... 4. Wêwalês kang tumrap ing sira kabèh mêsthi bakal ditindakake besuk dina kiyamat

5. Faman zuhziha 'aninnari wudchilaljannata faqa faza ... 5. Dene sing sapa didohake saka ing naraka lan dilêbokake ing suwarga, iku têmên wong bêgja

6. Wamalhayatuddunya illa mata'ul ghurur ... 6. Kauripan ing donya iku ora ana manèh kajaba mung kabungahan jalomprongan

7. Ya abballahibna 'abdayillahi ... 7. He, kawulaning Allah, anake kawula loroning Allah

8. Udzkuril'ahdalladzi kunta 'alaihi fi dariddunya ... 8. Sira elinga prajanjian kang wus sira sanggêmi ana ing ngalam donya

9. Wa charajta ila daril achirah ... 9. Lan saiki sira wus mêtu marang alam akerat

10. Syahadata an la illaha illallahu wahdahu la syarika lahu ... 10. Kalawan anêksèni yèn ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr mung Allah piyambak, ora ana kang madhani ing Allah

11. Ilahan wahidan warabban samadan ... 11. Sêsêmbahan sawiji lan Pangeran kang jangkêp

12. La na'buduhu siwahu ... 12. Ingsun ora nyêmbah liyane Allah

13. Wanahnu lahu muslimun ... 13. Lan ingsun iki kabèh padha Islam pasrah ing Allah

14. Waanna muhammadan 'abduhu warasuluhu ... 14. Lan tuhu Kangjêng Nabi Muhammad iku kawulaning Allah lan utusaning Allah

15. Arsalahu bilhuda wadinil haqqi ... 15. Gusti Allah ngutus Kangjêng Nabi Muhammad kalawan pituduh lan agama bênêr (agama Islam)

16. Liyuzhirahu 'aladdini kullihi ... 16. Supaya dèn gêlarna nyalini sakèhing agama

17. Walau karihal kafirun ... 17. Sanajan wong kapir kabèh padha gêthing

18. Ya 'abdallahibna 'abdayillahi ... 18. He, kawulaning Allah, anake kawula loroning Allah

19. Idza jaakal malakanil hailani ... 19.Tatkalane sira katêkan malaekat loro kang padha mêdèni rupane

20. Yuqalu lahuma munkarun wanakirun ... 20. Anama Malaekat Munkar lan Malaekat Nakir

21. Fala yuhawwilaka wala yuz'ijaka ... 21. Iku aja ndadèkake wêdi lan girisira

22. Fainnahuma chalqun min chalqillahi ta'ala mitsluka ... 22. Awit malaekat loro iku uga titahing Allah, padha bae lan sira

23. Wa idza saalaka man rabbuka wa man nabiyyuka ... 23. Nalika malaekat loro mau takon ing sira: "Sapa pangeranira, lan sapa nabinira?"

--- 190 ---

24. Wa ma dinuka wama qiblatuka ... 24. Lan agamanira apa, lan keblatira apa?

25. Wa ma imamuka wa man ichwanuka ... 25. Lan panutanira apa, lan sadulurira sapa?

26. Faqul allahu rabbi wa muhammadun nabiyyi ... 26. Ing kono sira wangsulana: "pangeran kula Gusti Allah, nabi kula Kangjêng Nabi Muhammad

27. Wal islamu idni walka'batu qiblati ... 27. Agami kula Islam, keblat kula kakbah

28. Walquranu imami walmuslimuna ichwani ... 28. Panutan kula kitab qur'an, sadhèrèk kula para tiyang Islam sadaya, jalêr miwah èstri

29. Tsabbatakallahu biqauli tstsabiti ... 29. Gusti Allah muga nêtêpna kaelinganira

30. Yutsabitullahulladzina amanu bil qauli tstsabiti ... 30. Gusti Allah nêtêpake wong kang padha kasandhangan iman, eling marang pangucap kang wis têtêp.

31. Filhayatiddunya wafil achirah ... 31. Sajroning urip ana ing ngalam donya iki, lan uga besuk ana ing akerat.

Wilujênganipun tiyang pêjah

Nyurtanah. Sêkul asah petangan ganjil: 3, 5 utawi 7 ambêng, mawi-mawi kuwawi lan botêne ahli warisipun. Tumpêng ugi ganjil, nanging kasigar lajêng kapasang ungkur-ungkuran. Manawi ingkang pêjah lare, wêwah dêgan, dèrèng mawi apêm.

Nêlung dina. Sami kalihan nyurtanah.

Mitung dina. Sami kalihan nyurtanah.

Ingkang kuwawi, dalu ngaosakên, enjing wilujêngan, Ngaosakên punika asung dhahar andika nabi: sêkul wuduk lêmbaran ayam, utamine: ayamipun pêthak mulus ingkang cènggèr sanggardlima, botêne anggêripun pêthak mulus kemawon sampun kenging. Mawi sêgah wedang-panganan, sêkul-ulam: rujakwuni, sarta mawi bècèk menda. Amêmuji ingkang lumampah dhatêng jaman kalanggêngan, anggènipun nguwot siratal mustakim, sampun ngantos dhawah, kadosa menda yèn lumampah ing uwot. Punapadene mawi apêm, minangka songsonge anggènipun lumampah dhatêng pangayunaning Pangeran: sampun ngantos kapanasan.

--- 191 ---

Matangpuluh dina. Sami kalihan nyurtanah.

Nyatusi. Sami kalihan nyurtanah.

Pêndhak pisan. Sami kalihan nyurtanah.

Pêndhak pindho. Sami kalihan nyurtanah.

Nyèwu. Wilujênganipun sami kemawon kalihan nyurtanah, namung mawi nggodhongakên, balapêcah wadhah sêsêgah, piring 3 wadhah sêkul ulam panganan rujakwuni, tuwung 1 wadhah bècèk, cngkircangkir. 1 tangkêp, kriyuk 1, srêbèd 1 lintunipun samir godhong, sadaya sami kabrêkatakên dhatêng kaum.

Dados wilujêngan tiyang pêjah punika namung rambah kaping pitu, sarta kêdah nglênggahi dintên pêpitu botên kenging tumbuk, saha sampun botên wontên wilujêngan malih.

Namung para agung wontên ingkang damêl wilujêngan sataun sapisan, nuju tanggale gêblagipun, nama: kol. Warnining dhêdhaharan pakarêmanipun ingkang sinare nalika taksih sugêngipun. Para priyantun wontên ingkang nulad ngaturi dhahar kol. Manawi tiyang alit, botên, kajawi sudagar ingkang sugih-sugih.

TAMAT

ISINIPUN

Angka punika angkaning kaca.

Bêbuka ... 3, Mêtêng ... 5, Singgah-singgah ... 6, Wilujêngan mêtêng ... 9, Tingkêban ... 12, Sajèn ... 15, Ingon ... 15, Nyakiti dumugi manah ... 15, Adan ... 23, Kamat ... 24, Sarap-sawan ... 27, Kidungan ... 27, Pujian ... 30, Bayi puput kapangku ... 32, Ulêm jagong gadhah anak ... 33, Manggihi tamu dhatêng ... 35, Bibaran jagong sapêkên ... 35, Bayi umur salapan ... 36, Mudhun lêmah ... 38, Nyatauni ... 41, Nyapih ... 42, Tumbuk 33 taun ... 45, Rêmbagan tumbas bêtah ... 46, Rêmbagan tumbas sinjang ... 49, Ulêm tumbukan ... 50, Metang wragad ... 52, Tumbas wowohan ... 55, Tumbas ulam maesa ... 59, Tumbas kuwih-kuwih ... 60, Tumbas Sayuran ... 60, Tumbas bumbu ... 61, Ngundang dhukun nyunati ... 62, Tumbas sinjang sêkaran ... 62, Tumbas sinjang lurik ... 63, Tumbas sêmbagi ... 64, Tumbas sinjang bathik ... 65, Tumbas minuman ... 66, Bêrah mbêkta minuman ... 68, Tumbas gêndhis-tèh ... 69, Ngundang niyaga ... 71, Ngunjuk bikak kêmah ... 73, Pradikaning minum ... 74, Lênggah dhahar ... 76, Kondhisi ... 77, 172, Tayuban ... 78, Sunatan ... 80, Pasah ... 85, Santri Panaraga ... 88, Sukêran ... 89, Têtakan ... 91, Ulêm têtakan ... 92, Agêm-agêman jagong ... 95, Krobongan têtakan ... 95, Ngemah-emahakên anak ... 97, Manah jodhoning anak ... 101, Tangkilan kalihan congkok ... 103, 115, 146, Dêmang Malang kalihan bojonipun ... 106, Dêmang Malang kalihan congkok ... 109, Ngabên sawung ... 110, Pangeran kalihan congkok ... 113, 145, Pangeran kalihan Tangkilan ... 118, Pangeran kalihan Suwarna ... 122, Tingalan dalêm pawukon ... 125, Tingalan dalêm wiyosan ... 125, Tingalan dalêm panjênêngan ... 125, Kulawisudhan pangeran putra ... 126, Kulawisudhan pangeran santana ... 126, Kulawisudhan wadana kaliwon santana ... 126, Kulawisudhan wadana kaliwon kawula ... 127, Sênèn-Kêmis sarta Sêtu marang paresidhenan ... 127, Maringake nawala marang kangjêng radèn adipati ... 128, Nawala marang Ngayojakarta ... 128, Nontoni ... 130, Sêrat panglamar ... 133, 147, Ningsêti ... 137, Ulêm gadhah damêl mantu ... 151, Tarub ... 155, Lamaran ... 157, Nyantri ... 160, Sanggan pangantèn ... 163, Nikah ... 164, Kutbah ... 165, Donga ... 166, Panggih ... 167, Tiyang ngajal ... 176, Ngijing ... 183, Mayit Islam ... 185, Ngêdusi mayit ... 185, Ngulêsi mayit ... 186, Nyêmbahyangakên mayit ... 186, Mêndhêm mayit ... 187, Talkin ... 188, Wilujênganipun tiyang pêjah ... 190