Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 01-13)

Katalog:Rama, Yasadipura I, 1923, #832
Sambung:
1.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 01-13). Bahasa dan Budaya | Wayang #1090.
2.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 14-26). Bahasa dan Budaya | Wayang #1091.
3.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 27-39). Bahasa dan Budaya | Wayang #1092.
4.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 40-54). Bahasa dan Budaya | Wayang #1093.
5.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 55-74). Bahasa dan Budaya | Wayang #1094.
6.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 75-91). Bahasa dan Budaya | Wayang #1095.

SERAT ROMO

Sêrat Rama

Anyariyosakên Sri Bathara Rama prang mêngsah lan Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, ngantos dumugi konduripun Sri Bathara Rama ing nagari Ngayodya, mawi kasêkarakên.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Tuwan: GCT van Dhorêp èn Ko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, Bandhung, taun 1923.

--- [1] ---

Sêrat Rama

Anyariyosakên Sri Bathara Rama prang mêngsah lan Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, ngantos dumugi konduripun Sri Bathara Rama ing nagari Ngayodya, mawi kasêkarakên.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Tuwan: GCT van Dhorêp èn Ko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, Bandhung, taun 1923.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

Sêrat Rama

--- [4] ---

1. DhandhanggulaTeks Asli: Puh[Pupuh] Dhandhanggêndhis.

1. tabuh sapta nujya Buda Manis | wulan Sura kaping tigang dasa | ing môngsa kapat wukune | Kurantil Je kang taun | sirnèng tata pandhitèng siwi |Sengkalan: sirnèng tata pandhitèng siwi (Rabu Lêgi, 30 Sura 1750 AJ, Rabu, 16 Oktober 1822 A.D.). sêngkala duk anurat | aksama anurun | mangun langêning carita | caritane Bathara Rama ing kawi | jinarwakkên ing krama ||

2. mardya kawuryaning kramaniti | manawung môngka sêkar môncapatmacapat. | ingkang rinêngga kandhane | nênggih rêksasa prabu | ing Ngalêngka prajaniradi | sumbagèng tri buwana | prakoswa dibyanung | winongwong karatonira | angluwihi kumalungkung anèng bumi | tan ana kang tumimbang ||

3. kasudiranira angêtêrianggêtêri. | Risang Buminata ing Ngalêngka | kusut para ratu kabèh | ditya rêksasa diyu | myang ratuning manungsa sami | tan ana kang kuwawa | lumawaning tangguh | nadyan dewa Suralaya | batharendra rêbut rok kasoran dening | lan sri maha yaksendra ||

4. bisikanira Sri Narapati | Buminata Ngalêngka Rahwana | Dasamuka pêparabe |

--- [5] ---

nênggih kang darbe turun | saking bapa manungsa yêkti | ambêk nata pandhita | eyang lawan buyut | sira Bagawan Wisrawa | Sang Wisrawa putrane Padma anênggih | Padma putrèng Pulastha ||

5. sami ratu pandhita linuwih | prajaniradi ing Lokapala | dene kang saking ibune | punika trahing diyu | ing Ngalêngka Prabu Sumali | ibune Dasamuka | Sumali kang sunu | Dèwi Sukèsi kang nama | putranira Bagawan Wisrawa nênggih | apatutan sêkawan ||

6. tiga ingkang warni ditya sami | pêmbayunira Sri Dasamuka | Kumbakarna panênggake | wanita arinipun | apan warni rêksasa èstri | aran Sarpakanaka | mung warujunipun | ingkang awarni manungsa | pinandhita ambêk sadu santa budi | Sang Kunta Wibisana ||

7. mardikèngrat gunawan undhagi | tyasirèstu manik pinasthika | lêpas pasang wêwekèng rèh | nimpuni maharjayu | neje saking kadange sami | Sang Arya Kumbakarna | sarira gêng luhur | yayah pêrbata tênaya | mastakanya tuhu angebat-ebati |

--- 6 ---

netra pindha baskara ||

8. lir galudhug swara gêgêtêri | lesan kadi wiwaraning guwa | ing aprang pilih bobote | mring raka wus jinunjung | sinatriya andêling jurit | winênang angêdhatyan | sajroning praja gung | akêkutha ing duksina | datan pae lawan puraning rakaji | myang Arya Wibisana ||

9. wus sinungan kadhaton pribadi | jro nagara Arya Wibisana | ing Kutara kadhatone | lawan bala wus sinung | pirang-pirang yuta wadyèki | sami lan Kumbakarna | kang ditya wadya gung | aprasasat pinartiga | ing Ngalêngka kang sêpuh mêhêng ngratoni | dene kadang wanodya ||

10. tinarimakakên ing bupati | sinung kawiryan Karadusana | Sarpakanaka lakine | kinarya punggawa gung | ing tampinganira rakaji | kathah wadya santana | punggawa gung-agung | kabèh prawirèng ayuda | jajahane Ngalêngka datanpa wilis | bupati kang amônca ||

11. lêksan kêthèn rêksasa paraji | kang sumiwi mring Prabu Rahwana | kucêm isining rat kabèh | yèn ingkang ratu-ratu | tan anungkul sigra ginitik | tumpês sasat karoban | ing sagara gunung | tan atolih kadang warga | yèn tan nungkul mring Sang Prabu Rahwana ji | jinarah binoyongan ||

12. saananing para ratu tapis | kêkês [kê...]

--- 7 ---

[...kês] miris ing Prabu Rahwana | tan ana kang nanggulang rèh | mila kalangkung-langkung | kawiryane luwih sabumi | pura kutha Kanaka | mawal manik murub | botrawi mas witana mas | kyèh made mas sumawur nila widuri | mutyara lan pakaja ||

13. kadhaton wolu suwarga sami | kang tinelad wêwangunanira | sadaya uparênggane | datan kêna winuwus | busananing sajroning puri | datan pae kalawan | pura bathara gung | kunêng wontên winursita | ratu luwih prajadi kang madêg aji | Sang Prabu Dasarata ||

14. ambêk pinandhita santa budi | mardikèngrat tyas mulya ngulama | angenaki sawadyane | tan wus amrih arjayu | pêparentah moring mêmanis | wadya tan sinung rêngat | santana lit agung | winonging sakarsanira | wêdi asih wadya Ngayodya gung alit | winêngku ing pararta ||

15. ratu luwih kasusra ing bumi | awit saking kasujananira | anrusing kasujanane | lir kapandhitanipun | subagèngsumbagèng. rat pasthika manik | kathah kang para raja | kang sumiwi anut | anggêpe sami ambapa | datan kongsi pinukula ing ajurit | soring tyas kapandhitan ||

16. waskitha mrih ing pati patitis | tan antara minge ring panyipta | wignyamor ring batharane | ing sanalika tan wus | umèngêti kongasing bumi |

--- 8 ---

Sang Prabu Dasarata | sampêt tyas kaprabun | ingkang madma paripurna | amudhari yayah sasôngka dadari | mêmangun nulu ing rat ||

17. tuwin tan nênulak sri bupati | mring samuhane janma anêdya | sru niti parikrama rèh | tanpa sisihan nulus | dènnya sangêt anggung samadi | srunya sihing bathara | nityasa manêkung | dera mrih arjèng kanang rat | tan amriha yuning kaprabon pribadi | Sri Maha Dasarata ||

18. puja mantranira anêtêpi | sarta asih mring kadeyan warga | rinêksèng ywa dirêngate | mrih tyas kêtaman ayu | tuwin tabêting satru yêkti | ingakên tunggil darah | ing sakarsa sinung | nirtang tyas mawi sadea | abipraya parênga rusak mutyaning | dènnyanggung tyas kêdarman ||

19. sok ing driya ring panjinging kang sih | drêdyanira Prabu Dasarata | tuwin yèn mawi dana rèng | wadya ya akên jawuh | myang sêtya gêng ring siwi sori | marma prabu mangkana | pambêkanira sru | kyèh puruhitèng pandhita | dadya ing wasana rèh putus patitis | yogya rêksakaningrat ||

20. agung puja ring Batharendra sih | tuwin maring Sang Hyang Jagadnata | kanityasa samadine | marma kang para ratu | kanan kering anggêpirèki | mring Prabu Dasarata | samaning pandulu | sasat narendra bawana | dènnya parêk sinihan jawata luwih | winantu ing nugraha ||

--- 9 ---

21. dènnya Prabu Dasarata amrih | para ratu sami rahayua | menaka tyas sawadyane | mangkana kang winuwus | puranira sri narapati | sasat ing Endraloka | salir rêngganipun | prasada pasêmadènan | pan sadaya kanaka samya ingukir | kinêmbang ing sêsotya ||

22. datan ilang tinanya ingkang sri | tan pae lan pura Batharendra | liring ngupakara dene | dupanira kumutug | datan kèndêl ing siyang ratri | marma prabu mangkana | dènnyanggung tumurun | kang asih para juwata | myang pandhita kathah kang asih nêdhaki | mring Prabu Dasarata ||

23. lawan wontên jro purèng narpati | witana mas mabusana rêtna | lir ingkang sêsotya kabèh | kèdêran ninging ranu | botrawi mas sotya sinuji | tan wus ingucapêna | langêning kadhatun | wau ta Sri Dasarata | ing nalika tyasira arsandhatêngi | wiyogya tiwikrama ||

24. kahyanira Sri Dasarata ji | lêstaria arjuning kanangrat | sirêpa ing kalesane | mangkana sang aprabu | garwanira katiga sami | sinung wruh liring sêdya | tambayanirapus | sadèrèngipun kagarwa | samya minta pêputra ajalu sami | sori katiga pisan ||

25. kanimpune jaya wijayanti | amunahna kalesan samuha | narendra nimbali age | pandhita

--- 10 ---

kang linuhung | angungkuli samaning rêsi | Sang Bagawan Wasistha | prapta jro kadhatun | sang prabu gupuh amapag | ring pandhita angrarêpa ngacarani | binaktèng pamêlêngan ||

26. sarta sangkêp sagung saji-saji | sawarnine wowohan sadaya | kang wangi-wangi gandane | sêkaran sadaya wus | kayu-kayu kang wangi-wangi | wus pinati sadaya | pinipis cinarub | lan madu-madu sadaya | winor lawan arênging dupa anuli | sang prabu angandika ||

27. mring pandhita sangêt aminta sih | jroning puja nêkung jinurunga | pêputraa lanang mangke | kang prakoswa dibyanung | animpuna jaya jayanti | mungguh tinitisana | mring Bathara Wisnu | mugi pinôngkaa bapa | ing jalaran Hyang Wisnu dènira nitis | mring alam madyapada ||

28. amêngkua rahayuning bumi | sang pandhita mastuti ri sabda | para garwa katigane | kinèn samya matimpuh | angubêngi dupanirèki | Dèwi Kekayi nama | lawan Dèwi Ragu | yèku Dèwi Sukosalya | lawan Dèwi Sumitra katiganèki | samya ngubêngi dupa ||

29. garwa tiga kapat sri bupati | kalimane kalawan pandhita | sigra lumêkas pujane | wau garwa katêlu | apan samya bênêrkên ati | êning tyas paripurna | tarmiwèng pandulu | Bathara Jagad Pratingkah | kang ingugêr pucuking [pu...]

--- 11 ---

[...cuking] ciptanirèki | ingakên ninging tingal ||

30. pan tinunjêm pratisthaning galih | dupanira murub ngalad-alad | alading dupa tingale | cinipta Sang Hyang Guru | sarêng tutug kukusing gêni | wau sagunging sarat | kang cinarub-carub | pathining kêmbang sadaya | kayu-kayu kang wangi kang lêgi-lêgi | cinêmplungakên dupa ||

31. sangsayadhêm kukusing kang agni | dangu dènira malad pamuja | sirêping dupa nulyage | pinêndhêt arêngipun | kinèn mipis cinarub nuli | ingurabakên nulya | sêkul lawan sayur | sinunging garwa katiga | kinèn dhahar têlasa sami tumuli | binukti lan sang nata ||

32. luwaring kang pamuja sang rêsi | nulya bujana mahapandhita | mèsêm alon ing wuwuse | kadi-kadi sang prabu | wontên ugi tingkah puniki | pitulunge bathara | sang nata andhêku | mugi èstua kang sabda | maharêsi samana anulya pamit | mantuk marang aldaka ||

33. ingkang kari wau sri bupati | para garwa mantuk sowang-sowang | samya ring têpas wangune | mangkana sang aprabu | kocap dhatêngakên karêsmin | kalawan para garwa | combana anutug | ing antara lama-lama | samya wawrat garwane sang narapati | kang rumiyin ambabar ||

34. Dèwi Ragu jalêr putranèki | Sukosalya nama Ramabadra |

--- 12 ---

tan alami antarane | Dèwi Kekayi wau | babar jalu putrane sami | anama Radèn Brata | nulya malihipun | Dèwi Sumitra pêputra | jalu kalih Radèn Lêksmana satunggil | kang rayi Radèn Trugna ||

35. tan cinatur diwasane sami | putra kapat sinrahkên pandhita | mring Bagawan Wasisthane | samya kinèn mamuruk | sapratingkahing santa budi | budiman kasujanan | myang ngèlmu kêprabun | kasudibyan kawidigdan | kasantikan miwah jaya wijayanti | Ramabadra nimpuna ||

36. Danurwenda kabudayan ênting | apadene kang rayi katiga | wignya mèh kadi kakange | Ramabadra kang sêpuh | anglangkungi kawignyanèki | pinunjul kaprawiran | ranaganarananggana. putus | kadi èstu tinarima | panjanmane Bathara Suman prajurit | Hyang Kesawa prawira ||

37. samya enggal sêkawanirèki | putranira Prabu Dasarata | pandhita tumpêk ngèlmune | têlasa isinipun | putra kapat wus samya mulih | saking wismèng pandhita | praptèng praja kasub | lamun Dasarataputra | kapat pisan samya prawira ngajurit | nugrahaning jawata ||

38. putus saliring rèh kramaniti | kunêng wontên êmpuning pandhita | Sang Yogiswara namane | lan Bagawan Mintrèku |

--- 13 ---

samya mirsa lamun putraji | Dasarata Ngayodya | sudira dibyanung | pandhita kalih lumampah | mring Ngayodya anjujug sajroning puri | manjing tan mawi taha ||

39. Dasarata gupuh anêdhaki | mêthuk marang sang mahapandhita | tundhuk saryalon dêlinge | kêmayangan ta ingsun | atamian sang maharêsi | kang saèstu nugrahan | êninging tumuwuh | tan parêk lawan druwaka | anauri pandhita sarwi alinggih | sawusnya ingacaran ||

40. inggih lêrês panabda sang aji | pan pandhita sihing puja môntra | kadi prapta sakayune | nanging sayêktinipun | botên sami lawan sang aji | tapane mêngku praja | sujananya tuhu | bisa busanèng kamulyan | ingkang têtêp sinung sihing batharadi | tan pae lan jawata ||

41. dene lampah kawula sang aji | anêdha sihing sang maharaja | tinulunga karêksane | wukir pêrtapan ulun | dèn rusuhi maring rasêksi | tan kobêr amamuja | gung dèn arubiru | balane Prabu Dasasya | angrêrunah tan wontên rêsi kinering | gègèr kang ngulah puja ||

42. puyêngan yèn arsa asêmèdi | rêksasa galak samya mamôngsa | mila sang prabu ing mangke | têtulunga ing wiku | putrandika Ramabadrèki | punika paringêna |

--- 14 ---

rumêksa ing ulun | sirnakna mungsuh rêksasa | sri bupati myarsa sang wiku dènnyangling | tumungkul tan angucap ||

43. saking gunging trêsna putranèki | tinêdha ing wiku asêrana | rumêksa ing pêrtapane | nirnakna kang arusuh | ambengkasa mungsuh rasêksi | sêrêt dènnya ngandika | wau sang aprabu | pan maksih rare punika | Ramabadra dèrèng pantês mangun jurit | mungsuh lawan rêksasa ||

44. prawira tur angebat-ebati | awidigda prakosa tur arda | kalangkung dede bobote | sang pandhita sru muwus | rêngênta hèh sri narapati | sajatining utama | animbangi iku | barang jinaluk wong sanak | kang sajati jatining utama yêkti | prabu aywa lênggana ||

45. apan wajib jênênging narpati | rumêksa ring barang kasusahan | titahing jawata kabèh | sintên ta kadi ratu | angluwihi samèng dumadi | sayêkti nambanana | susahing pra wiku | tan wontên kang kawajiban | amung ratu kang pasthi dipun aubi | marang isining jagad ||

46. yèn sagunging para susah ati | amintaa tulung mring satriya | dadi sih-sinihan bae | pan dudu wajibipun | ya mung ratu ingkang duwèni | anglêjarakên susah | marasakên wuyung | yèn jagad tan wontên raja | môngsa wontên pandhita para maharsi | tan wontên alul [a...]

--- 15 ---

[...lul] puja ||

47. lamun ratu tan wontên anênggih | para pandhita satêmah rusak | aruhara karatone | marmane sang aprabu | sampun walang-galih ing siwi | kadi ta dede raja | linuwih sang prabu | lan putrandika kalihnya | Radèn Rama lawan Lêksmana sinêkti | pituruning jawata ||

48. môngga mayu ring wong sêdhih kingkin | kêlar nulak ing mungsuh rêksasa | sampun susah dening rare | dumèh ta durung wêruh | ing gêgaman pangulah jurit | mungsuh rêksasa cidra | sudira dibyanung | sira Prabu Dasarata | ngunadika yèn purika wiku iki | gawe rêngkaning jagad ||

49. Dasarata sumôngga ring siwi | pintên barane dadi sarana | sang wiku lêjar nityane | nulya pamit sang wiku | putra kalih wau kinanthi | Radèn Rama Lêksmana | suka ing tyasipun | sarwi nyangking langkapira | cipta age wêruha rasaning jurit | malar dadi sanepa ||

50. solah tama kang arsa siniwi | awit saking rèhing kaprawiran | praptèng jawi kitha age | wau ta lampahipun | para cantrik samya asanti | ngigêl lumakwèng ngarsa | bêndhe cangkêmipun | kang samya lumakwèng ngarsa | kunêng marga samya anglètèr kang cantrik | amuwus jaya-jaya ||

51. ya ta wau kang satriya kalih | samya kumêdut bahune kanan | apratôndha [apratô...]

--- 16 ---

[...ndha] ing badhene | amunahakên satru | tanpa sesa mungsuhing rêsi | mawatang desa ramya | kathah kang kadulu | sri langêning pasawahan | alas-alas tan wus ucapêning kawi | cinêndhak kang carita ||

52. langêning alas rêsmining margi | tan cinatur wus praptèng aldaka | cantrik kang kari sakèhe | gêrawalan amêthuk | rêsi santi pating calêrik | angudanakên kêmbang | sumyur sru gônda rum | satriya kalih pan arsa | maring kêbon nalika mungsuh maharsi | prasamya ingadhangan ||

53. ingadhangan samya ngarih-arih | kinèn ecaa ing palênggahan | nrêpaputra wangsul age | sinugata woh arum | lan sinungan jêmparing luwih | lawan winuruk samya | ingaji dibyanung | nuraga kawirutaman | kasantikan jaya-jaya wijayanti | sawusnya winulangan ||

54. menggal biyasa satriya kalih | kêtampan kabèh wulang pandhita | sigra têdhak saking gène | nyangking gandhewanipun | maring kêbon satriya kalih | angubêngi jajahan | patapan sang wiku | wêkas lor kidul myang wetan | mèngêt-èngêt wau nrêpaputra kalih | ing wuri ana ditya ||

2. Pangkur

1. gumandhul ana ing êpang | Tathakakya namane kang rasêksi | angrêrusak karyanipun | ngarubiru pêrtapan |

--- 17 ---

mêmatèni Si Tathakakya puniku | balane Prabu Dasasya | prayitna satriya kalih ||

2. Sang Rama sigra amênthang | larasira mangeka padanèki | lumêpas sanjata mamprung | pêdhot tênggake kêna | Tathakakya tiba gêmbunge gumêbrug | kadya pêrbata anakan | tibane anggêgirisi ||

3. suka kang cantrik sadaya | dene sirna buta kang bêbayani | kabèh saisining gunung | samya suka sadaya | pitik iwèn sato ilang gêringipun | mong kidang sangsam andaka | sênuk mèmrèng miwah kancil ||

4. nadyan gajah sami susah | tan ana kang wani angalap bukti | mila sato samya kuru | tan antuk amêmôngsa | amung warak kang mêndhêm kang misih lêmu | sanadyan kayu wowohan | tan kobêr awoh barindhil ||

5. mangkya sato samya luwar | labuh brata enggar angalap bukti | myang wowohan samya mêndhuh | sêkar-sêkar umêkar | samya eca tyasira sang mahawiku | sawusnya nir kang bêbaya | mangkana satriya kalih ||

6. dinus munggèng ing palôngka | tinuturan marang sang maharêsi | hèh rungunên putraningsun | iya pitutur ingwang | sira uga panjanmane Sang Hyang Wisnu | sinungan karya rumêksa | rahayuning bumi-bumi ||

7. tan ana sangsayanira | iya [i...]

--- 18 ---

[...ya] êndi ana wong bisa luwih | tan ana sandhunganipun | sawêtara kewala | marma sira sinung widagda dibyanung | dening bangun turutira | mring bapa rumêksèng rêsi ||

8. bengkasa sukêr pandhita | nulusakên ulah puja samadi | marma gung pahalanipun | nugrahaning jawata | sigra têdhak putra kêkalih mring pungkur | ana ditya saha bala | sakapraboning ajurit ||

9. ditya prawira Marica | gung aluhur balane angêbêki | nginggil patapan lir mêndhung | prapta kesis lir kilat | singa nabda gumuruh lir gêlap sèwu | satriya Rama prayitna | Lêksmana mênthang jêmparing ||

10. Lêksmana mangekapada | ditya ewon wau kang dèn lêpasi | sanjata dibya tumanduk | mangênèng kang danawa | kumarutug gêmbung pukang ingkang runtuh | cêngêl buja ingkang pêgat | galasah tumibèng siti ||

11. ditya kang kari sumahab | apêpulih ngêbyuki radèn kalih | Dyan Sumitratanaya wus | amênthang arda côndra | ditya niyup tinadhahan akèh rampu | kadya gunturing prabata | udan dhas gêmbung asrami ||

12. miris sagung kang tumingal | para cantrik tuwin kang para rêsi | dènnya dhas buta kumrutug | gêgêmbung buja pukang | wau ditya prawira Maricandulu | ing wadya wil kathah pêjah | mangsah pêpulih

--- 19 ---

krodha ngrik ||

13. hèh satriya ngêndi sira | mêmalangi mring lakuning rasêksi | kodhik kaladama tuhu | cêmêr gêlahing jagad | anauri hèh rêksasa wruhanamu | ingsun Dasarataputra | tinitah ing batharadi ||

14. mayêng maharjèng kanang rat | sira kodhik migêna wong samadi | sigra mênthang larasipun | satriya Ramabadra | dyan lumêpas sanjata bajra tumanduk | ditya prawira Marica | kabuncang katub ing angin ||

15. kadi kapuk sariranya | Sang Marica tibèng doh ing pasisir | buta bupati puniku | ingkang tunggu tampingan | andêling prang Risang Dasamuka Prabu | tumpêsan sawadyanira | mung Marica ingkang urip ||

16. wau kang jawatèng wiyat | samya ngudanakên sagung wêwangi | samya mangastuti umung | hèh Rama sadu dibya | wirotama hèh ri Dasaratasunu | wus eca sagung pandhita | mulya suka para cantrik ||

17. satriya Rama Lêksmana | kundur saking rana para maharsi | sadaya samya amêthuk | ngrêrêpa angêngudang | Prabu Lokapala tan ana kadyèku | dhuh sutangong Sri Krêtarta | kadya sor Lokendra mangkin ||

18. dene ta prabawanira | ing manungsa pada gul-agul katri | sasat Hyang Siwah tumurun | hèh babo wruhanira | mêtonana sayêmbara putraningsun |

--- 20 ---

Prabu Mantilidirêja | sayêmbara putranèki ||

19. putranira Dèwi Sinta | ngupaya kang dadi jatukramèki | pan ora arsa tinuku | ing rajabrana kathah | ana ingkang dadi patêmbayanipun | ana gandhewa wasiyat | Sang Hyang Girinata nguni ||

20. singa-singa kawawaa | amênthanga maring gandhewa adi | nora pilih janmanipun | nadyan ta urakana | yèn kawawa mênthang langkapira jatu | kraranirakramanira. Dèwi Sinta | nadyan satriya bupati ||

21. yèn ora kuwawa mênthang | nora jatukrama Putri Mantili | pan wus akèh para ratu | nora kuwawa mênthang | sira besuk pêsthi ing sayêmbarantuk | sayêkti kuwawa mênthang | langkape Putri Mantili ||

22. pasthi jatukramanira | putrining kang Prabu Janaka luwih | tan ana timbanganipun | yèn ing manungswa pada | nadyan para apsari Suralayèku | kasoran rêbutan cahya | luwih putri ing Mantili ||

23. lan besuk sira amunah | ratuning wre Sri Maharaja Bali | amutêr sapuluh gunung | bengkas datanpa sesa | parandene sirna dening sira besuk | wus payo nuli mangkata | marang nagara Mantili ||

24. sun angrojong puja môntra | salamine samadiningsun iki | kabèh kaduwe sirèku | putra kalih tur sêmbah | sinanti ring maharsi [ma...]

--- 21 ---

[...harsi] cantrik gumuruh | mangastuti jaya-jaya | wus mêsat saking asrami ||

25. satriya Rama Lêksmana | rêreyongan akèh langêning margi | kêmbang-kêmbang lir manungsung | samohaning kamargan | kadya yayah nambrama pangèstunipun | pratôndha rèh ing bawana | donirèng Sang Wisnumurti ||

26. praptèng Mantilidirêja | lampahira wau satriya kalih | Prabu Janaka winuwus | enjing duk siniwaka | putrinira kinanthi de mahaprabu | tan pisah gandhewa dibya | wus munggèng ing pôncaniti ||

27. wus aglar ing panangkilan | pra dipati tuwin satriya mantri | miwah para ratu-ratu | madêgi sayêmbara | pan supênuh surêm bagaspati têdhuh | nagri Mantilidirêja | lir guntur kang wukir manik ||

28. praptanira nrêpaputra | sami piyak cingak sami ningali | panarkanira kang dulu | Bathara Kamajaya | lawan Sang Hyang Asmara milu tumurun | anjênêngi sayêmbara | rinubung satriya kalih ||

29. kawistarèng maharaja | pinariksa satriya saking wukir | pasayêmbara wus dangu | tan ana kêlar mênthang | ing gandhewa dibya mangkana ta sinusinung. | ring Sang Dasarataputra | tinampan lajêng tinarik ||

30. pinênthang gêrèt swaranya | wus katarik tikêl kang gandhewadi | sigra tinêtêgan sampun | luwar kang sayêmbara |

--- 22 ---

ingandikan narpatmaja praptèng ngayun | dhinawuhan lamun kêna | ing sayêmbara sirèki ||

31. katur kawijilanira | ing Ngayodya suka sri narapati | sigra nuduh kang ingutus | bupati mring Ngayodya | angaturi marang Dasarata Prabu | dèn enggal nuli praptaa | iya mring nagri Mantili ||

32. mêsat bupati caraka | tan kawarnèng marga lampahe prapti | nagri Ngayodyapuresuk | katur surating nata | ing Mantili maring Dasarata Prabu | patêmbayan tur uninga | yèn ingkang atmaja kêni ||

33. umanjing jro sayêmbara | angênèni mangkya putranirèki | pasthi jatukramanipun | ing putrangong Ni Sinta | kakang prabu nuli praptaa dèn gupuh | nagri Mantilidirêja | ing panggihe nini putri ||

34. ngantos paduka kewala | langkung kagèt Prabu Dasarata glis | sawarèng bala wus kumpul | budhal Sri Dasarata | saking kitha swaraning bala gumuruh | wahana turôngga liman | paloka jêmpana joli ||

35. kêrig punggawa Ngayodya | tan kawarnèng marga praptèng Mantili | Prabu Janaka wus mêthuk | tundhuk jawining kitha | Janaka ngling sapraptanira kang prabu | sasat Sang Hyang Batharendra | nêdhaki maring Mantili ||

36. putranta Sang Ramabadra | kang angêntas sayêmbara ni putri | tuhu prawira dibyanung | kathah [ka...]

--- 23 ---

[...thah] kang para raja | nora nana kuwawa mênthang puniku | gandhewa dibya têmbaya | mung Ramabadra sinêkti ||

37. binêktèng manjing kadhatyan | tan winuwus srining bujana krami | busêkan sapraja umuumung. | swaraning nambut karya | jaba ing jro sampêt langêning wêwangun | sumuking Endrabawana | apsari kathah danani ||

3. Asmaradana

1. tan wus wuwusên ing tulis | rêrênggan sang pinangantyan | pan sampun pinanggihake | Putri Mantilidirêja | lawan putra Ngayodya | sinêmbahkên putri jalu | mring rama prabu kalihnya ||

2. saèstu Sang Kama Ratih | kacaryan kang sami ngayap | dulu risang pinangantèn | miwah apsari sawarga | anggung sêlar-sêluran | kayuyun samya tumurun | ring purèng Mantilidirja ||

3. sagung ingkang para rabi | myang para cèthi sadaya | miyating sang pinangantèn | supe adhahar anendra | kacaryan dènnya mulat | ing sangkêpe pelagipun | tan pantês tinon ing janma ||

4. sayêkti para apsari | siniwèng Endrabawana | datan winuwus rêsmine | cinêndhak ingkang carita | buru lampahe kôndha | Si Sang Dasarata Prabu | pamit angundhuh kang putra ||

5. busêkan nagri Mantili | punggawa ingkang pinatah | umiring sang pinangantèn | mangkana Sri Dasarata | saking

--- 24 ---

Mantili budhal | swaraning bala gumuruh | prapta sajawining kitha ||

6. kusut nagari Mantili | kadya koncatan sêsotya | coplok saking êmbanane | Sinta minôngka sêsotya | nagri Mantilidirja | sakêytisayêkti. êmbananipun | marmalum Mantilidirja ||

7. srining kang bala lumaris | busana kyèhne kawarna | liman rata jêmpanane | punggawa lumakwèng ngarsa | Sang Prabu Dasarata | tan pisah lan putra mantu | ana wiku rodra rupa ||

8. Sang Bagawan Jamadagni | iya Sang Ramabargawa | wiku dibyanung labête | mêdal saking wana pringga | sarwi amikul langkap | nêrak baris kang panganjur | jujug ing gène sang nata ||

9. godhèk wok bris angêbêki | ing jaja trus ing walakang | kempol asta wulu kabèh | gandhewa gêng panjang satal | anjujug nrêpaputra | sêsumbar ngajak prang pupuh | Ramabadra payo aprang ||

10. singa tiwas angêmasi | arja yèn unggul ing aprang | yèn asor sira dening ngong | sayêkti mati deningwang | yèn ingsun soring sira | yêkti ngong mati deningmu | kagyat sira Dasarata ||

11. glana Sang Putri Mantili | Dasarata angrêrêpa | nêmbah ing sang wiku age | saking sih mantu lan putra | dhuh sang wiku ampunta | Ramabadra misih timur | tan pantês lumawan ing prang ||

12. lan andika [a...]

--- 25 ---

[...ndika] wiku yêkti | dibya wirotamèng laga | kalangkung dede wawrate | Ramabargawa tan mêndha | ring wuwus Dasarata | kyèh pangrêpa tan rinungu | Dyan Wiku Ramabargawa ||

13. lah iki gandhewa mami | payo ta sira pênthanga | yèn kongsi kapênthang mangko | ingsun kasor dening sira | lamun tan kêlar mênthang | sira kang kasor deningsun | wau sagung kang miyarsa ||

14. samya marase tan sipi | kadya ngênêngakên napas | Dyan Satriya Rama age | mangsah sudira tan taha | sigra nanggapi langkap | tinarik gandhewa putung | Ramabargawa duk miyat ||

15. tikêle langkapirèki | kucêm Sang Ramabargawa | tumungkul alon dêlinge | lah panahên guluningwang | pan ingsun wus kasoran | margane mulih ta ingsun | maring ing Endrabawana ||

16. Sang Rama mèsêm tan angling | Ramabargawa umêsat | mring Endraloka sirnane | sumêngka pêngawak braja | nênggih dadi jawata | dewarsi Ramaparasu | kêkêl anèng Suralaya ||

17. wau kang samya prihatin | Sang Aprabu Dasarata | miwah wadyabala kabèh | luwar saking kingkin enggar | sigra sang maharaja | lajêng bujana anutug | lawan sagung wadyakuswa ||

18. langkung trusthanirèng galih | sirnane Ramabargawa | wadya tinangaran age |

--- 26 ---

budhal saking wana wasa | sumahab asrangsrangan | ing marga datan winuwus | praptèng ampeyan Ngayodya ||

19. gumêrah wong sanagari | jalu èstri asiyaga | mêthuk ing sang pinangantèn | lawan sagunging kamulyan | srining kang panambrama | jro kitha Ngayodya rawuh | wus manjing lêbêting pura ||

20. putra kalih sampun mungging | wisma mas pêrabot rêtna | parèbu kalangkung sihe | miwah wong sadalêm pura | prasamya ragan-ragan | mangkana wau Sang Prabu | Dasarata pagunêman ||

21. lawan santana gung alit | miwah sagunging punggawa | sang prabu arsa sêsèlèh | kêprabon marang kang putra | satriya Ramabadra | dènnya wus wiwekèng kewuh | prawirotamèng alaga ||

22. sêdhêng madêga narpati | amêngku nagri Ngayodya | Prabu Dasarata supe | yèn ing nguni wus ubaya | kalawan ingkang garwa | Dèwi Kekayi puniku | ibunira Radèn Brata ||

23. ubayanira Kekayi | sadèrèngipun kagarwa | yèn pêputra jalu têmbe | mêngkua nagri Ngayodya | wau Sri Dasarata | amung putrane kang sêpuh | ingangkat madêg sri nata ||

4. Sinom

1. Sang Aprabu Dasarata | enjing duk miyos tinangkil | aglar satriya punggawa | saupacaranira sri |

--- 27 ---

sarat tigasan asri | dènnyarsa madêgkên prabu | pira-pira kamulyan | wastradi badhe palinggih | lawan dupa kumutug rinatus gônda ||

2. saubênging singangsana | kinêmbang-kêmbang myang sari | lêlèmèk mèsi kumala | sarinya rum amrik wangi | daludag ngapit-apit | pinulêting gônda marbuk | Sang Prabu Dasarata | ngundhangi kang pra dipati | yèn kang putra ingadêgagêningadêgakên. narendra ||

3. tinarik ing singangsana | punggawa sami ngèstrèni | yèn ingkang rama mêgawan | bujana sumilih-silih | tuwuk sagung kang nangkil | sasolahe boja nutug | kundur Sri Dasarata | miwah kang putra narpati | angêdhaton sarêng maksih tunggil pura ||

4. warnanên garwa kang nama | anênggih Dèwi Kekayi | miyarsa lamun sang nata | apasrah kaprabonnèki | mring putranira mangkin | Ramabadra wus rinatu | marêk sarwi amular | wau Ni Dèwi Kekayi | ngundhat-undhat anagih kang patêmbayan ||

5. sru srama manguman-uman | aminta adêgiraji | mring putra Rahadèn Brata | Ramabadra pininta glis | maringa ing wanadri | Kekayi panêdhanipun | kêkês Sri Dasarata | nora nulak ing pakapti | wus rinojong Kekayi sakayunira ||

6. yèn Rama maksihèng praja | mêmangun tyas sônggarunggi | dadya

--- 28 ---

Rama dhinawuhan | kinèn umarèng wanadri | tan lênggana ing kapti | Ramabadra nut ing tuduh | wau Sang Dasarata | ngênês sarwi tilar puri | amakuwon kêbon munggèng pêtamanan ||

7. sumaput tan panoning rat | Sang Dasarata Narpati | saking gêng trêsna kang putra | satriya Rama nulyamit | mintar maring wanadri | garwanira datan kantun | lan kang rayi satunggal | Radèn Lêksmana kang ngiring | putranipun Dèwi Sumitra kang tuwa ||

8. kang anom Rahadèn Trugna | maksih kantun ing nagari | busêkan sagung punggawa | santana mantri bupati | samya nut anututi | ing Sang Ramawijayèku | samarga tinangisan | ingambêngan karsanèki | sampun kongsi paduka tumamèng wana ||

9. nanging Sang Ramawijaya | tan keguh aturing mantri | hèh sagunge pra punggawa | miwah kang satriya mantri | ajana walang-ati | aprakara lunganingsun | saking pura mring wana | iki nugraha sayêkti | iya dene lumakwèng tuduhing bapa ||

10. purwane ana sarira | saking bapa kang akardi | wruh lor kidul kulon wetan | rinêksa sangkaning alit | malah diwasa mami | lêhêng tumêka ing lampus | upama lêngganaa | papa paran kang pinanggih | kabèh samya sumiwiyèng ariningwang ||

11. yayi [ya...]

--- 29 ---

[...yi] Brata madêg nata | nora pae lawan mami | lan padha sira matura | mring Kangjêng Rama Narpati | aywa sangêt prihatin | mungguh ing sariraningsun | têka dèn asrahêna | marang bathara kang luwih | wus mangkana satriya Ramawijaya ||

12. lampahe kaluntèng wana | pra dipati maksih ngiring | drawasane diwangkara | sare ing wana sang pêkik | rinêksèng para mantri | samya sangêt aripipun | tumanduk pan ing cipta | wadya kadya dèn sirêpi | lingsir dalu satriya Ramawijaya ||

13. lolos kêlawan kang garwa | miwah kang rayi tan kèri | Radèn Sumitra Tênaya | wadya tan ana udani | anglês titis pan anis | nungkulakên balanipun | wau ta tatas wetan | wadya gung mangsane tangi | samya kagèt tan ana sang nrêpaputra ||

14. satriya Ramawijaya | sinêlasah tan kêpanggih | wadya gung samya karuna | bubar mantuk ing nagari | nagari sampun prapti | pra punggawa sadaya wus | lajêng tumamèng pura | prapta byantaranirèki | ing Sang Nata Dasarata anèng taman ||

15. mulat Prabu Dasarata | mring sagung punggawa mantri | kang samya atur uninga | sasolahe putranèki | sumêdhot tyasirèki | nir trêsnanira wadyagung | datan tumolih ing rat | opêk kapêtêk [kapê...]

--- 30 ---

[...têk] putêk ring | tyasnya wigar kawigaran praptèng jiwa ||

16. lumalyèng têpasing putra | tinon tan ana kaèksi | uyang kabèh kang sarira | ginônda cêndhana sari | tan môntra mawèh matis | liring kang samya kadulu | tan ana lumipura | dadya wau sri bupati | manah nglampus-lampus tilar madyapada ||

17. gumêrah tangis jro pura | otêr gumêdêr pra èstri | misuwur ing sanêgara | lir grah swaraning kang tangis | Sang Barata miyarsi | ing sedane ramanipun | tumamèng ibunira | sira Ni Dèwi Kekayi | Sang Barata duka ngundhat ngibunira ||

18. hèh ibu kaliwat cacad | sira mring kangjêng rama ji | patinta pati drubeksa | gêlah-gêlahi sabumi | sira jalukkên maring | ingsun umadêga prabu | sira dosa ing jagad | sangêt mudhaningsun iki | têka sira jalukakên dadi raja ||

19. misih tiwasing wiweka | durung wruh ing krama yêkti | ing rèh pararsa parusa | sira kang dosa ing bumi | lawan kakang mas mami | durung môntra undha usuk | nadyan karo Lêksmana | ingsun durung animbangi | pan wus olih widagda Sumitraputra ||

20. lan malihe iya pira | enake anèng nagari | jumênêng sri naranata | kadang tuwa nèng wanadri | pira lawase mukti | nèng madyapada puniku | tan wruh ing kadang tuwa |

--- 31 ---

druwaka maring dewa sih | ing dêlahan patine amanggih sasar ||

21. kang ibu tumungkul merang | karuna mênggah tan sipi | sangêt runtike kang putra | Barata ngundhat-undhati | tan kobêr amênêdi | ing kunarpa sang aprabu | sagung kang pra santana | miwah ta mantri bupati | samya nayut ing runtike Sang Barata ||

22. sangêt bêkuh Sang Barata | saya drês luhira mijil | wus tuntas sira sru mujar | apan ingsun datan apti | madêga narapati | pan ingsun pilaur nusul | milu sapêjah gêsang | matia anèng wanadri | apan wajib wong bêkti mring kadang tuwa ||

23. sayêkti liruning bapa | Lêksmana iku wus bangkit | parandene nora môntra | nêdyaa madêg narpati | amburu krama yêkti | ngabêkti ing kadang sêpuh | saparan tan kantuna | ingsun malih misih pingging | angur uga anusula maring wana ||

24. tan keguh ginagendholan | gumrah kang satriya mantri | bupati samya karuna | parèbu anut nangisi | amrih lêjara nuli | Sang Barata ing tyasipun | supaya nêlikura | mring kunarpaning rama ji | dangu-dangu mêndhak tyasira Barata ||

25. kèndêl runtik ibunira | sinantya tyas liring dadi | tumuntunging paripurna | wêkas-wêkasing dumadi | sigra amarentahi | mring bala santana sêpuh | amênêdi kunarpa | saosan dupa wêwangi | tumundha [tumu...]

--- 32 ---

[...ndha] ring pancaka panênunira ||

26. sagung punggawa binêkta | mring Brata maring wanadri | sigra budhal lampahira | sakapraboning ajurit | pan sêdya amondhongi | kang raka ngaturan kundur | jumênênga narendra | Brata sêdya nyatriyani | lampahira wus praptèng jawining kitha ||

27. kuda liman miwah rata | punggawa lumakwèng ngarsi | praptèng masuk sirèng alas | kadalon sipêng sawêngi | enjing dyan budhal malih | angupaya kadang sêpuh | singa wukir sinasak | sring manggih têlaga êning | akèh sêkar putih kadya tyas Sang Brata ||

28. dènira bêkti ing kakang | amanggih pêtapan malih | pandhita luwih sung nyata | wahdat kinasihan dening | jawata ingkang luwih | Sang Barata praptanipun | mèh surup Sang Hyang Arka | sang rêsi kagyat ningali | yèn wong agung kang prapta sigra pinapag ||

29. gupuh lawan cantrikira | sigra dènnya ngancarani | munggèng mandakining ditya | kinambang gène sang rêsi | balane angubêngi | tembak satêpining ranu | pandhitèku minulya | tamuan wong agung nênggih | sugatane wowohaning Suralaya ||

30. sarwi ngidung sêsêndhonan | asêlur para apsari | ingkang ambêkta sugata | angigêl kang para cantrik | dènira anampani | pasugata ing têtamu | Brata eram tumingal | dadya asipêng [asi...]

--- 33 ---

[...pêng] saratri | dalu matur ing rêsi aminta têdah ||

31. ênggène sang nrêpaputra | sang pandhita lingiraris | satriya Ramawijaya | ana wukir kidul iki | ngasrama langkung asri | nama gunung Kutharunggu | nèng kono puruhita | yèku pandhita linuwih | Radèn Brata lan sawadya enjing budhal ||

32. punggawa lumakwèng ngarsa | ing marga datan winarni | ing Kutharunggu wus prapta | suku jajahaning wukir | Radyan Lêksmana nênggih | kagyat dènira andulu | gêgaman agêng prapta | anyandhaganyandhak. gandhewa aglis | panarkane kadya mungsuh ingkang prapta ||

33. dangu-dangu kawistara | gêgaman ingkang lumaris | rata kèh liman turôngga | tan ana kaprabon jurit | mung upacaranèki | kadya wong agung bêburu | dangu-dangu katingal | sadaya kang anèng ngarsi | datan pandung mantri bupati Ngayodya ||

34. umatur marang kang raka | tan antara Brata prapti | mangsah manêmbah ing raka | karuna nungkêm padèki | matur atur udani | yèn seda ramanta prabu | dhuh paduka kundura | umadêga narapati | pan kawula ngamping-ampingi nyatriya ||

35. sarêng miyarsa turira | kang rayi Brata prasami | karuna Ramawijaya | miwah Sang Putri Mantili | Lêksmana samya nangis | myang wadya kang samyandulu | samya anut karuna | wusirèng aso samyaring |

--- 34 ---

angandika sira Sang Ramawijaya ||

36. hèh ta yayi Brata sira | muliha maring nagari | umadêga naradipa | turutên tuduh ngong yayi | aywa watir ing mami | dumèh ana ing wana gung | pan wus tuduhing bapa | sira ngayumana yayi | wadyabala sagotra lan kulawarga ||

37. kang rayi matur tur sêmbah | pukulun anuwun runtik | pintên ta suka arjanya | kawula madêg narpati | sêdhêng duk aningali | kadang tuwa nèng wana gung | anggung kawêlas-arsa | druwaka maring dewadi | madêg prabu kadang tuwa mangun papa ||

38. kalawan inggih paduka | sampat madêga narpati | wus wirotamèng wiweka | putus anrus kramèng niti | prawira ing ajurit | gunawan pratamèng tanduk | sêdhêng rêksakaning rat | mèsêm Ramawijaya ngling | aywa pugal hèh turutên tuduh ingwang ||

39. kang rayi nêmbah karuna | suka pêjah ing wanadri | Rama ngling yèn lumuh sira | dadi niaya ring bumi | sapa ta kang dèn siwi | ing wadya Ngayodya iku | myang sanak-sanakira | sira minôngka sun yayi | yèn lumuha sira durakèng nagara ||

40. kang rayi ajrih mopoa | cipta druwakanirèki | nampik ing rèh kadang tuwa | dadya tur sêmbah nuruti | inggih kawula darmi | lumampah sarta lan tuduh | Risang Ramawijaya | sukèng tyas ngandika [ngandi...]

--- 35 ---

[...ka] aris | poma yayi rèh rahayu wijilêna ||

5. Mijil

1. lamun sira madêg narapati | yayi wêkas ingong | apan ana ing prabu ugêre | sastra cêtha ulatana yayi | omahna dèn pêsthi | wulanging sastrèku ||

2. rèhning janmotama nguni-uni | kang mêngku kaprabon | ingkang nistha kawruhana kabèh | miwah madya utama ywa lali | liring siji-siji | dèn kêna ywa tungkul ||

3. tindaking nistha môngka wêwêdiwêwadi. | têmah tan anggêpok | ingkang madya rêsêpana kabèh | mring utama sira dèn kapengin | dèn kadi sira mrih | sêngsêming dyah ayu ||

4. nistha iku tindak walang-ati | saliring pakewoh | iya bela-bela ing ciptane | mring santana myang punggawa mantri | anggung sônggarunggi | andhêdhêr pakewuh ||

5. tan wun ing rèh ing don nêniwasi | ambêk kang mangkono | ing madyane ilangêna kabèh | dèn patitis awrat sônggarunggi | utamane yayi | kabèh dèn kêcakup ||

6. ala ayu pan darbenerèki | ing rat tan pakewoh | ingkang ala prihên ing bêcike | pinèting suka dinandan ugi | warêgana pingping | jêjêlana wuruk ||

7. ing kadarman wruhna pakênaning | pètên sukaning wong | barang karya ana bêbukane | winiweka [wi...]

--- 36 ---

[...niweka] ing rèh ingkang isi | ala lawan bêcik | tuwin gampang ewuh ||

8. yèn wadyanta binobot pinardi | tyas mèsi pakewoh | agung bêbaya ing wêkasane | kang mêngkono kêkêsên tumuli | iku tan winaris | ing gunêm rahayu ||

9. pan lalima ika bêbayani | gunggunging pakewoh | dèn prayitna ing wadyanira kèh | sasat mungsuh angêpung purèki | iku dèn pakeling | kang rayi wotsantun ||

10. Ramawijaya ngandika malih | dununging limang gon | kang angambah singgahana age | maring wana aywa mor prajèki | yêkti bilaèni | ing prajanirèku ||

11. dhingin maling kapindho ya maling | yayi maling wadon | kaping tri wong bêbegal gawene | kaping pat yayi bêbotoh juti | ping limane yayi | wong kinanthi ratu ||

12. kudu-kudu mrih awak pribadi | lali ing lêlakon | ratu iku ratune wong akèh | lan gunême kêlamun tinari | pêsamuan sami | nora bisa mêtu ||

13. mêngko lamun bubar kang tinari | dènira sang katong | tumarutul duwe atur dhewe | kang mêngkono gêgêdhêging bumi | yèn ratu angathik | mring wong liyanipun ||

14. anyênyêngkah ing rèh karoron sih | rèh mung awak ingong | anggung kinèn dahwèn pati [pa...]

--- 37 ---

[...ti] opèn | panastenan rupak samodrèki | yèku ngêngêmbangi | prajanira kuwur ||

15. karane yayi wadyanerèki | kang tuwa kang anom | pra wignya kang wruh ing sêmu sumèh | ing pasêmon sumingkir ing sisip | lumêkêting sèsthi | susila rahayu ||

16. nora arda asor yitnèng krami | andêlên ing kewoh | kang nora mrih ing awake dhewe | putusing weka mengo ing sirik | yêkti rèh ing dadi | manasaring laku ||

17. yèn ana wadya sabarang kardi | rêmên agêgawok | kumawêruh ing pagunan kabèh | kabangkitan mung ngrungu nênêmpil | tan darbe pribadi | nganggêp ngaku-aku ||

18. miwah yèn aprang andhêdhingini | sru polah lok-alok | ing batine angêmpèk kuwanèn | iya dudu duwèke pribadi | kang mêngkono yayi | prênahna dèn gupuh ||

19. tunggu tampinganing têpis wiring | anggêpe sumagoh | anèng praja pan dudu gawene | ngrêregoni ing wadya sru niti | iku wong baribin | yèn kinon têtunggu ||

20. nora duraka wong tunggu tamping | sapatute linyok | amrih aywa sinor ing mungsuhe | wênang mring mungsuh ngungkul-ungkuli | dèn wruh siji-siji | pakaryaning wadu ||

21. yèn ana wadya bangkit sayêkti | wirotamèng [wiro...]

--- 38 ---

[...tamèng] kewoh | animpuna ing guna yêktine | asring pèngêt ing wadya narpati | tuladan prayogi | myang sudira tangguh ||

22. pantês ta karyanên senapati | umatih palugon | tumontona wadya sakathahe | myang tibane tiba ing atêbih | kang liyan prajèki | prabune kang punjul ||

23. de wadya wruh susila sayêkti | prayitna tan awor | tyas patitis karahayon kabèh | konên wêruh laraning prajèki | lan enaking alit | iku dèn kadulu ||

24. pan wus ubaya ing narapati | rumêksèng kaprabon | kang wus têtêp rumêksa ing akèh | kalaraning praja dèn pakeling | larapana ing sih | wadya saprajèku ||

25. yèn wadyanira kang alit-alit | sêtya ing pakewoh | botana sih sinimpên bae |Kurang satu suku kata: bobotana sih sinimpên bae. pae kang wus satriya dipati | singa upamèki | ing karosanipun ||

26. môngsa nganggoa ya dèn wuwuhi | wus watêke gêro | iya amung tuhunira bae | ingkang dadi lan pasrahirèki | marang ala bêcik | ing prajanirèku ||

27. dèn prayitna pamulenirèki | mring wadya kang tanggon | ing ayuda titi sudirane | luwihêna luputên ing kardi | kang kari samya mrih | sumusul kadyèku ||

28. aywana wor lan dibya sastrèki | ajanging [ajang...]

--- 39 ---

[...ing] kêprabon | ala ayu ing sastra tindake | ingugêman titi ingulati | ing rèh ming ngiring sih | angiwakkên iku ||

29. lawan sêngsêm ing wadya gung alit | prihên ing lêlakon | kapandhitan ucapên dèn akèh | rasanana wêkasing ngaurip | kang rayi nuwun sih | karuna wotsantun ||

30. Ramawijaya malih mèngêti | yayi ana roro | luwih saking nyênyukêri ngrame | kêrêng drêngki singgahna tumuli | dosanya mrih sêdhih | krodhanya wor wuwus ||

31. saksat mêmitra lan mungsuh misih | rêrênggi palugon | de kadêrêng amrih kinawêdèn | iku dosane ngimbuh-imbuhi | durung wruh ing sisip | kasusu angrawus ||

32. kadyangganing kambing dèn sandhingi | kayu wus tinotor | tulus suku tumracak mêmènèk | nora sangsaya awira-wiri | darunanya sêbit | cacade gung nêpsu ||

33. lawan ana cacat agêng malih | wong anggung kawuron | dhêmên nginum alangên-angênealangên-langêne. | ciptaa ring rusaka katarik | lir kuthila wêgig | sabarang kawêtu ||

34. aywa padudon sabarang kapti | titise angradon | liwat ala iya pakolihe | tan wus saking ingumpêting kapti | durniminta kèksi | sawadyanirèku ||

35. yèn sira yun amukul praja

--- 40 ---

di | miliha kang kinon | punggawa kang lir singa lêkase | singa iku yèn amawi kardi | solahe awingit | tan arsa kadulu ||

36. yèn anêdya amrih bêbayani | nanging jrih angewoh | yèn anêdya mrih kinèdhêp bae | graning krura solah gêgirisi | lir ambengkas urip | mung amrih panungkul ||

37. iku wignyane singa prayogi | waskithèng pakewoh | yèn sira mrih arta upêtine | salina punggawa kang tinuding | ingkang ambêk kambing | aja kang karuhun ||

38. ambêk singa kinèn mrih upêti | yêkti tanpantuk don | tuwas bêsêm jêr dudu gawene | pakaryane ingkang ambêk kambing | tan kulinèng rêsik | caryanya mrih rêtu ||

39. goragadha tan amrih mranani | sêngsêm ngoyok-oyok | mari-mari yèn wus pêngarahe | tan taha yèn miyat nganan ngeri | ring pangangkuh ngukih | tingkahe nyarutu ||

40. iku lire yèn amatah kardi | pinaryoga kang wong | gampang angèl ana pêpantêse | barang karya aywa aming kalih | surêm surat rawi | elik tan mituhu ||

41. pama timur kinèn ing awêrit | lêlesoh anêmpoh | saliring rèh pan ana mangsane | tan kêna yèn cinakrabawèng sih | ing don tan matitis | têmah arubiru ||

--- 41 ---

42. lawan bala kang asring nyidrani | sapêpadhaning wong | nora kêna dinuta yêktine | nora antuk pangupaya bêcik | karahayon sêbit | tiwas tanpa madu ||

6. Dhandhanggula

1. Ramawijaya lingira amrih | rumêksaa ing praja Mandhala | wêwêngkon sapunggawane | aywasah sabên dalu | wong dursila kêkêsên sami | amrih lêstari samya | kang ulah manêkung | asêmadi puja môntra | aywa kongsi susah karegonan maling | kabèh kang ulah puja ||

2. pakolihe kaduwe sang aji | ambumboni karahayoning rat | lawan ta yayi malihe | ambêcikana lurung | myang marga ring jaban kithèki | rèhên pêdhakna toya | sumbêr sêndhang sètu | pancur-pancuran têlaga | urut marga wèhana bale sayêkti | wèh santosèng lumampah ||

3. upamane ratanira yayi | lan dipôngga wusnya pinalanan | winehan sênjata dene | mundhak santosanipun | pasthi kaot lawan kang lagis | wong arèrèn upama | nèng têpining ranu | wus ayêm nuli wuwuha | ana bale sayêkti wuwuh panaring | wèh sukaning lumampah ||

4. apan ratu iku tyasing bumi | wus jangjine ayêm amrih suka | marang isining prajane | lawan ta malihipun | mêmulènên pandhita [pa...]

--- 42 ---

[...ndhita] rêsi | kang ulah kapandhitan | bojanên sakayun | srahna wadyanta kang mudha | konên nuduhakên pakarti prayogi | tindak sumiwèng praja ||

5. ulatana lirikên dèn kêni | wadyanira kabèh kang sineba | ana kang tuwa watêke | ana watêk nomipun | ingkang watêk tuwa yèn niti | karyanên tuwa-tuwa | aywantara ginung | darapon signya gunanya | toha jiwa sasanaa liring kardi | panggah nirèng wiweka ||

6. rèhning sujanma kang nguni-uni | sayogya yèn alapên sadaya | tar wangwang rèh kamulyane | sariwa-riwanipun | lakokêna sapuluhnèki | malah dadia surat | surating krama wus | saliring sumewa pasang | ing pasanganing ayu dadya palupi | rèhning anitikrama ||

7. sira yayi dèn mardi ing dasih | asiyèng wadya dibya sumbaga | lan purwaka prawirane | yèn bala tan atantun | ing rowange barang prakawis | sumawawa wus bisa | ing pangrasanipun | pan iku watêk durjana | tan wruh ayu gêrêngana dimèn mari | prihên amusawarat ||

8. apan uwis ubayèng narpati | amaraskên dasihing kang edan | amintêrakên bodhone | ambênêrakên bingung | marèkakên kang salah karti | ratu upama surya | surya padhangipun |

--- 43 ---

mêratani sabuwana | nora nana selak padhanging Hyang Rawi | amung lawan kinarya ||

9. singgahêna dursila sakèhing | wèha sira sih janma santika | nuragèng jagad jagane | têtela yèn tiniru | kang durjana anêdya mari | yèn ora marènana | kinênaning tuduh | rêmêdên padha lan wisa | sêmangsane patènana rina wêngi | ulêr tan dadi dosa ||

10. upamardi jênênging narpati | ingkang praja dhukut anèng wana | katon sêparibawane | isine ngalas iku | kaungkulan marang ing ardi | sagunging wadyabala | alas paminipun | prabunya minôngka singa | karêksane singa pêtêng ing wanadri | yèn alase apadhang ||

11. dadi singa nora dèn kiringi | nadyan rosaa datanpa karya | budia aglis kênane | dadya wus janjinipun | ratu iku asih ing dasih | macan asih ing alas | wus ubayanipun | marmane prihên ubaya | punggawa gung têtêpe kang guna sêkti | kinênan saking boga ||

12. singa-singa yèn wadyanta sakit | tulungên dana miwah têtômba | dèn prapta ing sawarase | yèn sira nêmu mungsuh | kasor aywa sira patèni | kunjaranên kewala | sawêtaranipun | age nuli luwarana | rasukên dèn kadya kinakulit daging | walang-ati ilangna || [|...]

--- 44 ---

[...|]

13. wèhên bawa dèn pracayèng batin | kumandêling Hyang Jagad Pratingkah | sêdyayu ora-orane | nêmua tan rahayu | lamun bumi maksih dèn ciki | langit misih ngauban | sêktining tumuwuh | yèn tyasira nora was-was | marang mungsuh kang kasor ginawe bêcik | winalês ing jawata ||

14. kaluhuran kaprawiran sêkti | poma yayi musthikaning tekad | kang ngandêl marang satrune | winalês ing Hyang Guru | upamane ing tyas rêrênggi | ngalang-alang king ika | rêrênggine satru | yèn sira kumandêl pasrah | anglir agni tumiba ngalang-alang king | kobar anuli sirna ||

15. kari bêktine lan asih wêdi | dènnya sangête kumandêlira | Hyang Girinata walêse | tyas sônggarunggi iku | salah cipta awalang-ati | kakêmbang aniaya | apês têmahipun | datan antuk kaluhuran | nistha bae norantèk mungsuherèki | yèn sira nganiaya ||

16. mung sadhela kiringanirèki | têmahane sira karusakan | jêr adoh lan batharane | kumandêl rèh rahayu | kaluhuran muwuh mimbuhi | rinêksèng widi dhustha- | nirèng satru mungsuh | rèhning rèh lêgawa marta | poma yayi têtêping luhur myang sêkti | mot marta paripurna ||

17. sira

--- 45 ---

dhewe aywa sah sêmadi | barang tindak aja parêk ika | anêdya rahayu bae | wong sônggarunggi iku | wong rêrêgêt apêsing bumi | wadhah guna santika | dibya miwah luhur | apura para marteka | yèn sira wis kumandêl maring dewa sih | kang nêdyala tan prapta ||

18. lamun sira amêngku marta sih | dadya rinêksa dene wus kocap | prajalus marta tindake | pinanjingan rahayu | arja papa mulya bilai | yèku tan ana ingkang | lyan saking Hyang Guru | sagunge ingkang tumitah | datan ana nglabêti sawiji-wiji | mung Hyang Jagad Pratingkah ||

19. sirnaning ala barang sêkalir | mung antêpira aywa sandeya | nguni-uni utamane | omahna barang tinut | rahayune rèh wus pinanggih | yèn ana wong ngrancana | marang rowangipun | dohna prênahna dèn kiwa | poma yayi panggahên apuranèki | wêkasing kaluhuran ||

20. Brata nêmbah sumungkêm padèki | Sang Ragawa Wijaya ngandika | wus yayi mangkata age | aywa lawas nèng gunung | ingkang rayi karuna amit | miwah sagung prawira | bupati wotsantun | sadaya sami karuna | ngaraspada wus têdhak saking ing wukir | Risang Kekayiputra ||

21. karsaning tyas barata lir nèki | kadya mêntas ambêdhah nagara |

--- 46 ---

ingkang boyongkên putrine | dènira tampi wuruk | saking raka pasthi kaèsthi | tumanêm ing wardaya | lumakêt jêjantung | acipta darmi kewala | têngga pura Ngayodya sabarang rèhning | sasolah bawanira ||

22. saking raka tan mingkêt akapti | kasudarman Ragawa Wijaya | myamyang (dan di tempat lain). ambêk kapandhitane | myang ranagana putus | Sang Barata pama kaywaking | tinetesan dahana | tan antara murub | gunanya myang kasudibyan | kaprawiran jaya wijaya angênting | sumunu katon ing rat ||

23. praptèng praja Ngayodya ri titis | samun angarang sêmuning praja | kingkin agring kusut kabèh | mangkya sarawuhipun | Brata lawan sawadyanèki | sartantuk kang musthika | pinôngka dhêdhukun | dupi Brata manjing pura | kadyanggane dhêdhukun mawa usadi | Brata wus madêg nata ||

24. nagaragring mèh katêkan pati | tinrapakên wulang saking raka | musthika syada pamane | waluya agringipun | ing Ngayodya rahayu malih | sukambêk sanagara | myang tani wôngsayu | nrêpaputra kasubagakasumbaga. | karatone pinunjul ing kanan keri | rêrêping ripu rampas ||

25. kunêng ingkang têtêp ing nagari | kawuwusa sang narpati putra | Ragawa nèng wana gène | ing giri Citrarunggu | lan ari Sang Sumitrasiwi |

--- 47 ---

Putri Mantilidirja | priyanya tan kantun | memba saking wukir Citra | Kutharunggu ana wukir dèn parani | sanggèn kang pinarêkan ||

26. samya gègèr pamêthukirèki | garawalan pan sami karuna | miyat sang dibya polahe | mangkana lampahipun | Sang Ragawa yekang kinapti | marang wukir Dhandhaka | ing margana diyu | ditya nama pun Wiradha | mêmatèni karyane siyang myang ratri | anggung lumaku nungsang ||

27. gung aluhur Wiradha ngajrihi | suku kalih napak ing kêkaywan | myang pirit gunung sukune | astane kang lumaku | gêgilani gègèr samyajrih | singa ta kang pinaran | maharsi malêdug | miyat sang narendratmaja | tan atakut umangsah lawan kang rayi | anyandhak siji sowang ||

28. astanira anulya sinêbit | siwak jaja praptèng ing wadidang | Wiradha pêjah tibane | kadya gurda gumêbrug | lajêng lampahira sang pêkik | ing marga wontên ingkang | pêrtapan linuhung | Bagawan Yogi punika | sru manêkung angraga jawata luwih | putusing paramarta ||

29. Bagawan Yogi mila martapi | sangkanira lit dening kumêsar | non Sri Nglêngka pêrbawane | krurarda ambêk rusuh | agung anglarani ing bumi | dadya Bagawan Yogya | nanêdha dewa gugung. | rusake kang tindak [ti...]

--- 48 ---

[...ndak] murka | lêstaria rahayuning bumi-bumi | suka kabèh menaka ||

30. mangkya satriya Ragawa prapti | praptane amêthuk garawalan | asanti jaya wuwuse | hèh Rama sira Wesnu | ingsun amit marang sirèki | mulih maring kamuksan | swargaku ing luhur | tumamèng Endrabawana | wusnya sangkêp pawaka mulat andadi | Bagawan Yogi mojar ||

31. hèh ta Rama ta lalu bagyèki | nuli maringa dhepoke ika | Yogiswara Sutiksna ge | sira makuwèng ngriku | sakarsanta amrih lêstari | sang rêsi wusnya mojar | tumamèng ing apu | gêsêng sirna jiwa lunga | dadya ngungun Ramawijaya gêng ing sih | mring Rêsi Maskumambang ||

7. Maskumambang

1. dyan lumampah sira Ramawijayèki | lan ari Lêksmana | nut tirah-tirahing wukir | lan Dyah Mantilidirêja ||

2. nusup-nusup wau ta satriya kalih | praptèng dhepokira | Bagawan Sutiksna Yogi | prayoga yèn dèn ungsia ||

3. dadya lami puruhita sang apêkik | langkung sukanira | Bagawan Sutiksna Yogi | ngèlmune tumpêk sadaya ||

4. ngèlmu dibya purusa pramarèng wèsthi | jaya kawijayan | sang bagawan langkung asih | marang Sang Ramawijaya ||

5. wus mangkana Ragawa lami nulyamit | memba sing patapan | amanggih [amang...]

--- 49 ---

[...gih] pandhita malih | samya sih mring nrêpaputra ||

6. sawusira puruhita nulya pamit | anjajah pêrtapan | yèn nuju kasapyèng ratri | saênggèn-ênggèn anendra ||

7. anèng alas alèmèk roning kaywaking | karangulu sela | yèn siyang samya lumaris | samya mrih manjangan kidang ||

8. lan samarga-marga tan pêgat sêmadi | pindha wiku dibya | sasat maharsi linuwih | tan môntra yèn rajaputra ||

9. akèh wiku samarga-marga ngampiri | sangsaya sudira | manggalanirèng atapi | solahing wiku kaetang ||

10. ingkang samya akaton acawêt sami | babakaning kokap | sinandhang ayêm prasami | padha santosa ing driya ||

11. Nrêpaputa Ramawijaya lingnyaris | hèh Sumitraputra | dulunên kang para rêsi | yèku tan pae lan sira ||

12. iya padha tinitah ing batharadi | yèku kang wus mulya | wus têka ing alam aibgaib. | rèhning sarira bathara ||

13. nora nyandhang mangan ora walang-ati | kasêngsêm ing tingal | saking mantêp anêtêpi | dènnya mrih wêkasing pêjah ||

14. hèh têgêse yayi kang karasa sakit | kang angrasa lupa | nêpsu rêrêgêding jisim | yèn mantêp pan ora pira ||

15. wêdènana tyasira tan luput pati | pira kèhe

--- 50 ---

iya | ing jaman urip puniki | lawase lan jaman pêjah ||

16. dadi sura manggalanira maring ning | mung sirèng jiwanta | kang alus pètên samangkin | kang wadhag aywa rinasa ||

17. pan si wadhag ngajak maring ora bêcik | lamun panggahana | pira kuwasaning eblis | angur ngêndi papèng pêjah ||

18. lamun mantêp sapadhêngêt bae uwis | sumuking pawikan | panarimanira dadi | nir lara nikmat gya prapta ||

19. kang anggusah ing cipta kang ngrasa sakit | yekang pama mapag | kanikmat lan bingkas sakit | mung mantêp gêgamanira ||

20. ing têgêse yayi ing urip puniki | yèn ora amriha | salamêt sajroning pati | yèku setan nunggang gajah ||

21. Sumitratênaya ngunadikèng galih | yèn sun turutana | pangandikane kang iki | nora mulih mring nagara ||

22. pasthi lali marang kasatriyanèki | sumungku nèng wana | kang rayi matur wotsari | punapa amilih papan ||

23. dumèh wontên ing wukir lan ing prajadi | utamèng nagara | yèn sami marsudi budi | tapa tapaking warastra ||

24. mêngku praja amrih arjaning kang bumi | tumulung kalaran | amarasakên ing sakit | anglêjarakên ing susah ||

25. pan rinêksa kalih-kalihipun sami | alus lawan wadhag | punapa nganggea [ngangge...]

--- 51 ---

[...a] milih | jêr sampun titahing dewa ||

26. pan tinitah manungswa awak puniki | sayêkti winênang | rumêksa wadhag sakêdhik | buwang dhiri datan eca ||

27. pae ingkang tinitah lêlêmbat sami | datan ngangge wadhag | sasuka-sukane dadi | atêbih lawan druwaka ||

28. pan paduka tinitah putra narpati | rumêksèng nagara | yèn tekad kadi maharsi | tulada sasolahira ||

29. yêkti tiwasa têmah rumêksèng bumi | ing batin kewala | panganggêp kadi maharsi | sok sampun niaya ing lyan ||

30. Sang Ragawa tan keguh miyarsa kang ngling | pratisthaning driya | amung wêkasaning dadi | tan wruh laraning sarira ||

31. nora ketang yèn tinut ing kadang rabi | Rahadèn Sumitra- | tênaya lan garwanèki | Putri Mantilidirêja ||

32. mèh tan olih mung liwung rumêksèng dadi | dadining ubaya | ubaya uwusing dadi | pati patitising têmah ||

33. wus mangkana emut sanalika nuli | mangsah alêlampah | wukir Dhandhaka wus prapti | gègèr wiku samya mapag ||

34. samya santi sukanya mring sang tinami | satriya lêlana | manggala sudirèng tapi | enggar maharsi sadaya ||

35. saubênge wukir Dhandhaka malipir | maharsi sadaya | gêbèl satêpining kali | wukir Dhandhaka murwendah ||

--- 52 ---

36. dadya suka Ramawijaya ningali | doning rêsi samya | tansah amuja sêmèdi | nanging asring kagegeran ||

37. dening kathah raksasa angrêrusuhi | ngrabasèng pêrtapan | mangke praptane sang pêkik | kadyagring manggih usada ||

38. dadya arsa Sang Rama sih ing maharsi | dènnya sami ulah | pêpuja miwah sêmadi | sêdya rumêksèng bêbaya ||

39. lamun dalu Ragawa agung sêmadi | yèn siyang cangkrama | lan garwa angambil sari | sadina-dina andurma ||

8. Durma

1. pan wus lami satriya Ramawijaya | munggèng Dhandhaka wukir | lam-lamên ing karsa | kunêng wontên winarna | Sarpakanaka rasêksi | pan kadangira | Dasamuka Narpati ||

2. pandhadhane anama Sarpakanaka | mangkana duk winarni | lagya acangkrama | sira Sarpakanaka | ingutus prabunirèki | ngubêngi wana | praptèng têpining wukir ||

3. ing Dhandhaka mulat ing satriya Rama | cangkrama ing wanadri | lawan ingkang garwa | sarwi angalap sêkar | Sarpakanaka ningali | maraRama. Ragawa | dulur lan garwanèki ||

4. merang mulat marang Sang Ramawijaya | dènnya katon sarimbit | giwar palarasan | ngiwa mring gèn Lêksmana | pan sarwi amalih warni | rupa manungsa | mindha kênya rêspati ||

5. bahu wijang sapêkak madyane lawan |

--- 53 ---

bundêr prambayunnèki | rema wilis panjang | cahya amindha wulan | astane gandhewa gadhing | dêdêg pidêksa | akalpika kêkalih ||

6. manik mulya mubyar ngênguwung prabanya | jariji nglandhak ing ri | kanaka pinacar | marang gène Lêksmana | mèsêm-mèsêm dènira ngling | hèh kakang sira | iki satriya ngêndi ||

7. kagyat mulat Radèn Lêksmana Widagda | alon dènnya nauri | satriya Ngayodya | aran ingsun Lêksmana | sira iki ta wong ngêndi | dene nèng wana | apa si widadari ||

8. mèsêm angling ingsun iki tambanana | ilangna lara mami | brôngta marang sira | tan ana kang kacipta | payo kakang dipun aglis | manawa ika | kadurus lara mami ||

9. anauri Radèn Sumitratênaya | sun iki pindha rêsi | wadat tanpa krama | sira iku wong apa | warnamu ayu rêspati | atinggal krama | mêngko ingsun tuturi ||

10. umarêka marang kadang ingsun tuwa | manawa ananggapi | ika paranana | nrêpaputra Ragawa | pan ingsun tan kêna brangti | pan wus ubaya | lawan bathara luwih ||

11. iya ika satriya Ramawijaya | bok arêp ing sirèki | pantês sumiwia | abagus tanpa sama | sudira prawirèng jurit | sanjatanira | pangrusak satru sêkti ||

12. saananya sumandhing

--- 54 ---

sasat pawaka | ambêsmi ing ajurit | putus tan palan |Kurang satu suku kata: putus tanna palan. anirnakakên ika | dityarubiru maharsi | sirna sakala | Sarpakanaka myarsi ||

13. ing dibyane satriya Ramawijaya | susahing tyas mong wingit | marang gèning Rama | prapta saha tur sêmbah | kadya mring Lêksmana nguni | pangucapira | Ragawa mèsêm angling ||

14. tanpa gawe babo sira marang ingwang | ariku tanpa tandhing | Sinta araning rat | Putri Mantilidirja | sanadyan para apsari | Ngendrabawana | tyas ingsun tan tumolih ||

15. mung kewala Putri Mantilidirêja | tan nêdya karêp malih | mara ariningwang | Lêksmana Widagda |Kurang satu suku kata: pun Lêksmana Widagda. manawa arsèng sirèki | Sarpakanaka | merang wangsul sira glis ||

16. pan sumandhing marang Lêksmana Widagda | saha ngujar-ujari | araga lir garwa | masesa ing asmara | Lêksmana sandeyèng galih | dènnya wiweka | pinandêng wus kaèksi ||

17. dyan cinandhak pinuntir granane pêgat | mibêr sarwi angêrik | wus jatining ditya | nangis sarwi sêsumbar | hèh Lêksmana dèn pakeling | sira bêbaya | Sarpakanaka mami ||

18. sun tuturkên iya sira mring si kakang | ditya prawirèng jurit | punggawa Ngalêngka | rêksasa Tigamurda | Karadusana sawiji | padha prawira | iya dèn ngati-ati ||

--- 55 ---

19. sawusira pamuwusira gêgila | niyup sakêdhap prapti | panggih lakinira | kalih sami punggawa | Karadusana sawiji | lawan Trimurda | Sarpakanaka nangis ||

20. kakang ingsun Trisirah Karadusana | tulungana dèn aglis | liwat saking wirang | sira tan anggrahita | mungsuh kang sikarèng mami | Ramawijaya | ana arine wêgig ||

21. ambêk wiku angragadha marang ingwang | anèng Dhandhaka wukir | ingsun datan arsa | mêksa cinandhak-candhak | pinuntir grana ngong iki | wusana pêgat | tanpa irung ngong mangkin ||

22. nora matur marang prabuku Rahwana | sira bae nguwisi | ngrabasèng Dhandhaka | yèn sira sih maringwang | Karadusana miyarsi | lawan Trisirah | parêng anêpak siti ||

23. hèh ariku Sarpakanaka ywa susah | sun mulihakên mangkin | sigra budhal lawan | saha bala rêksasa | gumuruh margèng wiyati | ana salêksa | tinon anggêgirisi ||

24. ingkang wuri andalêdêg kang rêksasa | sakaprabon ngajurit | prapta ing Dhandhaka | sarêng masinga nabda | gumuruh nginggiling wukir | sarêng putêran | yitna satriya kalih ||

25. mênthang laras Radèn Lêksmana Widagda | singa maniyup kêni | ing sanjata dibya | kumrutuk kadya udan | wangkening wil tibèng siti | atap galasah |

--- 56 ---

ditya tanpa ngênèni ||

26. krodha butêng ditya prawira Trimurda | mulat wadya kèh mati | nêpak bahu sigra | niyup anrajang mangsah | Ramawijaya sira glis | amênthang laras | nênggih panah dhadhali ||

27. watgata Trimurda jangganira pêgat | pisah tumibèng siti | sanjata anglanjak | dhadhali mamrih lawan | pira-pira kang rasêksi | parah kang buja | cêngêl tumibèng wuri ||

9. Pangkur

1. galasah akèh kabuncang | pira-pira kang mangsah akèh mati | bengkas samya kabarubuh | lir gugrugjugrug. kang parbataprabata. | ditya galak anglir sarpa solahipun | narendra putra minôngka | garudha prawirèng jurit ||

2. umangsah Karadusana | singa nabda Ramawijaya aglis | sanjata dhadhali mamprung | marang Karadusana | gulu pagas tiba pisah lawan gêmbung | pêpulih kabèh wadyanya | kadya mêndhung ing wiyati ||

3. ana kang nawat badhama | ana nglimpung ana kang anjêmparing | kumupak pokpok kumêpruk | pandukirèng panulak | pira-pira sanjata dibya kawangsul | Risang Lêksmana Widagda | sanjata dibya panangkis ||

4. kang raka narendra putra | anglêpasi ri kang panah dhadhali | tumpês tapis pan kapusus | wadya Karadusana | sirna gêmpang kadya bayu bajra musus | jêmparing sang nrêpaputra |

--- 57 ---

maharsi myang para cantrik ||

5. giris akêkês tumingal | ing yudane wau satriya kalih | mungsuh satus èwu-èwu | raksasa krura mangkrak | ayêm bae tan rêkasa yudanipun | susun atimbun èbêkan | wangkening ditya rasêksi ||

6. sirnane mungsuh rêksasa | samya mêthuk para maharsi santi | jaya-jayanira umung | samya ngudankên kêmbang | tuwin ing kaendran sukanya kumucur | hèr ngambar kang kêmbang-kêmbang | wus prapta Dhandhaka wukir ||

7. wau ta kang kawuwusa | Sarpakanaka kang sangêt prihatin | tumpês ing ditya wadya gung | miwah lakine pêjah | Si Karadusana Si Trimurda lampus | Yaksendra Sarpakanaka | mring Ngalêngka tawan tangis ||

8. sarwi anapak gêgana | maring Nglêngka dumrojog manjing puri | panggih Risang Yêksa Prabu | Buminata Ngalêngka | kasub ing rat nênggih karatone punjul | sagunging danawa ditya | diyu yêksa myang rasêksi ||

9. kang kauban ing ngakasa | kang kasôngga dening lumahing bumi | sumiwèng Ngalêngka Prabu | liyane kang manungswa | rat makêtêr tumon kaprawiranipun | Prabu Ngalêngkadirêja | Wisrawa ingkang sêsiwi ||

10. Brama Lokapalendra |Kurang satu suku kata: Bramana Lokapalendra. kang sumolih Putri Nglêngka Sukèsi | sakawan ta patutipun | Prabu Rahwana tuwa |

--- 58 ---

kang panênggak Kumbakarna gêng aluhur | sasat prabata Malyawan | sudira prakosèng jurit ||

11. nulya ri Sarpakanaka | pan rêksasa kadya kakênya kalih | dene ta wuragilipun | Sang Arya Wibisana | Sri Gunawan pan undhagi ing tyasipun | punika rupa manungsa | marmane arupa janmi ||

12. saking pamujining bapa | tinarima dening bathara luwih | mila rupane abagus | dènnya warna manungswa | Arya Wibisana wicaksana putus | pasanging grahita limpad | nimpuni sakèhing aji ||

13. wus ngêdhaton sowang-sowang | ing Ngalêngka tan wuwusên ing tulis | kasor sri myang langênipun | pura Ngendrabawana | tangèh lamun cinatur srining kadhatun | warnanên ingkang lumampah | Sarpakanaka rasêksi ||

14. samana ing praptanira | sumungkêming pada palôngka aji | anjêrit pamularipun | wau Sarpakanaka | hèh prabuku Rahwana yekang dibyanung | makêtêr saisining rat | miyat prabawa narpati ||

15. sampun si manungswa pada | Ngendraloka Bathara Surapati | kasoring payudan sampun | myang Prabu Lokapala | Banaputra tan ana ingkang tumangguh | ri kang sujayèng bawana | parandene ana siji ||

16. satriya Ramawijaya | lan arine Lêksmana Widigdèki |

--- 59 ---

tanpa wadya praptanipun | anèng wukir Dhandhaka | kang miwiti nipiskên pagêr ta prabu | nyêmpal prabawanirèng rat | surane Si Dasarati ||

17. dhuh Buminata Ngalêngka | carakanta rumêksa ing wanadri | katri punggawa wus lampus | kakang ku Si Trimurda | Si Karadusana lan sawadyanipun | tumpês tapis ing ayuda | prang anèng Dhandhaka wukir ||

18. ibêkan wangkening ditya | nglêlanangi èstu Si Dasarati | anumpês balanta prabu | lamun tan ngambêngana | ing Ngalêngka tan wande pinrêping pupuh | dera Sang Ramawijaya | krura sudirambêg wani ||

19. sanjatanya mêrtu juga | kang ambêsmi balanta tumpês tapis | ingsun kacandhak tanparung | pinuntir ing Lêksmana | dhuh prabuku pulihên wêwirang ulun | prabuku jayèng bawana | ing mangkyana ngrêregoni ||

20. mangkya balanta tampingan | ditya diyu sadaya kuru aking | amêmôngsa datan antuk | kabèh isining wana | dènnya takut marang Dasaratasunu | amolah sawênang-wênang | wèh pênuhing para rêsi ||

21. kabèh sining wohing wamawana. | myang satoning ditya anggung pinengin | marang ingkang para wiku | kondhange Si Ragawa | jêr punika kang angraksa para wiku | liring galinggaalingga. jawata | wus sasat umadêg baris ||

22. gêgamane puja môntra | lan sêmadi [sê...]

--- 60 ---

[...madi] mungsuh Si Dasarati | lan garwane luwih ayu | binêkta maring wana | kasor kabèh apsari Suralayèku | saisining Ngendraloka | kabèh pantês anyênyèthi ||

23. nadyan garwanta sadaya | nora nana kabèh kang animbangi | ngayapa kabèh puniku | ing garwane Ragawa | ingkang wana anglir rinênggèng kêkuwung | dènnya kataman ujwala | garwane Si Dasarati ||

24. alapên kawawèng sira | lalu eman kalap Si Dasarati | prayoga ing ratu agung | darbe garwa mangkana | kunêng Sarpakanaka kèh aturipun | umadêg krodha sudira | prakuthu mangkrak mawêngis ||

25. hèh yayi Sarpakanaka | aywa lara dahat ta sira yayi | elingên prabawaningsun | kadangmu Si Rahwana | jayèng jagad iya ngêndi ana ratu | sinêmbah ing sabuwana | tinakutan ing sabumi ||

26. Bali Sata nir ing jaja | ningsun miwah liman Hyang Endra nguni | sinikêp upama dhukut | tanpa guna deningwang | nora beda wêtuning sôngka mawêlu | sor têmpuh wêtuning surya | mangkono pamaning bumi ||

27. de bawane Si Rahwana | apa guna sêdhih Si Dasarati | tuwin manungswa puniku | ina datanpa bala | mung wong roro môngsa ngontragêna gunung | mungsuh Si Ramawijaya | kapusus nèng asta mami ||

28. sawusnya menaki cipta |

--- 61 ---

mring kang rayi Dasamuka sira glis | sikêp tuwêk nêpak bahu | sigra mabur mahawan | ing gêgana bala kang miyarsa nusul | pan sarwi amawa rata | Sang Dasamuka Narpati ||

29. maniyup wus praptèng prênah | ring Marica Prabu Rahwana prapti | Marica sigra amêthuk | wruh yèn prabune prapta | angrêrêpa Marica sumiwi dhêku | Sri Dasamuka ngandika | Marica dandana aglis ||

30. payo rumêbasèng mêngsah | ing Dhandhaka gone kang pêksa julig | Si Ramawijaya iku | lan arine Lêksmana | Dyan Marica marêpêki nêmbah matur | adhuh prabuku Rahwana | sampun paduka marani ||

31. ing gèn Sang Ramawijaya | langkung sêkti kawula kasor jurit | katut pinanahing lesus | pun patik salaminya | dèrèng manggih wong kêbat pamanahipun | kadya Sri Ramawijaya | atambuh ayêming jurit ||

32. myang arinira Lêksmana | nora sêndhu tangkêpe yèn ajurit | tuwêk paduka puniku | Côndrasa tanpa karya | yèn lumawan marang Dasaratasunu | sura sêkti ring wiweka | Ramaprasu Jamadagni ||

33. sapa sêkti kang kadyeka | mung Parasu Ramabargawa nênggih | ing yuda marwasa sampun | Risang Arjuna Sasra | bau sapa narendra kadya puniku | hèh parandene kawênang | ring sira Sang

--- 62 ---

Jamadagni ||

34. sasat dewata mawantah | prabawane prabu ing Maèspati | kêna ring Ramaparasu | Ramaparasu kêna | ing Si Ramawijaya anèng wana gung | linawan datanpa bisa | mêtu sayêmbara nguni ||

35. nagri Mantilidirêja | para ratu kabèh tan ana narik | ring langkap Mantili iku | mung Sang Ramawijaya | bisa narik gandhewa dibya pinunjul | winuwus jayèng bawana | Si Tathakakya ing nguni ||

36. pinanah wus tanpa guna | pan kalangkung grudha nurdhara julig | Si Karadusana lampus | aprang wukir Dhadhandhaka |Lebih satu suku kata: aprang wukir Dhandhaka. karo tanpa guna Trisirah kapusus | tumpês tapis sabalanya | linawan sanjata siji ||

37. lêhêng paduka kèndêla | mangan nginum wijah-wijah jro puri | kumondhang gagônda marbuk | sampun asalah karya | arubiru marang Si Rama puniku | manawa têmah tan lana | marani Si Dasarati ||

38. nahan ature Marica | angaturi sampun lumampah jurit | lan amuji sêktinipun | Risang Narpatiputra | Ragutama sura sudira dibyanung | kalangkung duka Rahwana | Marica kogêgêdhêgi ||

39. cêmêr gêlahing buwana | gora-gora kodhik datanpa sêkti | dumèh ngalahakên iku | marang Ramabargawa | jêr wun tuwa kisut lulange wus kêlut | Ragawa sêdhêng taruna | sayêkti [sayê...]

--- 63 ---

[...kti] otote kêlit ||

40. marmane kasor ing aprang | anom mungsuh lawan wong kaki-kaki | dêlêngên mungsuh lan ingsun | dene nikêlkên langkap | ing Mantilidirêja gandhewa gapuk | pinangan ing bubuk lawas | kinêkês sinimpên lami ||

41. matèni Si Tathakakya | buta tiwas tan patut sira puji | Si Karadusana lampus | Trimurda sabalanya | buta kêle taledhor marmane lampus | lamun si padha galaka | môngsa olèha matèni ||

42. de sira pinanah barat | barat ririh katonmu dhewe kêsit | ya saking wêdi-wêdimu | kêndho katonmu kêras | iya saking ala druhaka atimu | arêp amalika tingal | kasêktèning wong kopuji ||

43. gunaku tan kowicara | pratandhamu cêmêr amalik gusti | wusnya nguman-uman prabu | sigra narik côndrasa | hèh Marica dulunên patinirèku | Marica dyan ngrangkul pada | ngrêrêpa kasmaraning sih ||

10. Asmaradana

1. Marica umatur aris | kawula botên druwaka | saking gêng trêsna sang katong | tuhu-tuhu sêtya amba | marma tur kathah-kathah | sanetya kadrêman tinut | rèhning sang prabu sinewa ||

2. yèn botên ngarsakkên inggih | sumôngga karsa paduka | ing siyang dalu asaos | ayahan paduka raja |

--- 64 ---

yèn makatên ing karsa | kula kang malih warnèku | awarni kidang kancana ||

3. Rama Lêksmana mrih têbih | ing wuri gampil paduka | Putri Mantili kênane | sigra dhinahar turira | Marica kidang mas |Kurang satu suku kata: Marica kidang êmas. sarêng lampahira laju | prapta ing wukir Dhandhaka ||

4. balane ingantun têbih | mung karo kêlawan kidang | Marica êmas wulune | alêmbut areyab-reyab | rêspati tiningalan | sira Dasamuka Prabu | silêman amping-ampingan ||

5. kidang umangsah tumuli | amalipir ing patapan | Putri Mantili duk anon | kidang kang wulu kêncana | angglibêt lincak-lincak | Putri Mantili umatur | bêbana maring kang raka ||

6. kidang upayanên aglis | Ragawa nurut kewala | ing panuwune garwane | kang rayi kinèn kantuna | atêngga ing pêrtapan | Ramawijaya sigranut | ngungsir lampahing kidang mas ||

7. tutut yèn dèn parêpêki | cinandhak-candhak manculat | tinut saparan wus adoh | kidang apindha kasangsang | ngadêg kadi kêpalang | sinandêr mancolot asru | bramatya Ramawijaya ||

8. dènnya dangu datan kêni | saksana amênthaamênthang. langkap | sigra lumêpas panahe | kadya ginarit angganya | têrus rahnya drês muncar | Marica jiwanya mêtu | wêkasanira nèng donya ||

--- 65 ---

9. sarta panjritira kadi | sêsambat Rama Lêksmana | Sang Putri Mantili kagèt | yayi Lêksmana dèn enggal | sinambat kakangira | têtulunga ariningsun | babo Lêksmana Widagda ||

10. Lêksmana umatur aris | dede raka jêng paduka | punika kidang swarane | sampun tiniban sanjata | Putri Mantili mêksa | pagene sira tan gupuh | pan iya sêsambatira ||

11. Lêksmana umatur aris | mila ta raka paduka | kasora kidang tandange | kawula ajrih nusula | dene sampun winêkas | têngga paduka kang kantun | Sri Sinta langkung dukanya ||

12. sarwi waspanya drês mijil | saking sandeyaning driya | rumaras saking gêng sihe | mring priya Ramawijaya | pagene yayi sira | mopo tan purun anusul | kadangmu dhewe ing kana ||

13. Lêksmana umatur aris | sampun ta manah sungkawa | mangke pan inggih praptane | sarwi ambêkta kidang mas | sêndhu Ni Dèwi Sinta | mêngkono budimu kathung | gêlah-gêlah sirèng kadang ||

14. têgêse sira ing batin | sukur Ragawa matia | sun gumantya ing rabine | angajap druwaka sira | lumuhing pakon ingwang | pan ingsun ubaya tuwuk | matia Ramawijaya ||

15. tan acipta krama malih | aturun gêni kewala |

--- 66 ---

yèn Raguputra patine | kênaa ing kidang mas |Kurang satu suku kata: kênaa ing kidang êmas. sun pêdhot guluningwang | manjinga ing gêni murub | môngsa ngawula ing sira ||

16. Sumitratênaya sêdhih | tyasira pinaribawa | jawata ngawiyat kabèh | têdhaka anêksènana | duwea cipta ala | narakaa satus èwu | mangkat angusapi waspa ||

17. garundêlan anèng margi | muga tinawana mêngsah | ing mêngko sawuriningong | dene ta nora kajamak | gêtêr lor wetan ngakak | wiku tyas Lêksmanasadu | napaapan. ta wus nusul têbah ||

18. sawurine Lêksmana glis | sang rêtna madêg mangalap | sêkar partapan têpine | Dasamuka gya umangsah | sampun amalih warna | arupa pandhita sêpuh | pandhita Kêling pamannya ||

19. anyikruk wus kaki-kaki | asuci liyêp ulatnya | mêlês kalimis gundhule | ana kucire ing wuntat | untune rêsik pêthak | kundhala akalung waluh | gerong ingisenan toya ||

20. irung samya dèn cublêsi | ing ganitri kalih pisan | dêluwang kawak kêthune | kadya lami kakukusan | abang kêna ing sawang | rêkasa napas lumaku | kadi satuhune tuwa ||

21. marpêki Rêtna Mantili | wus ilang rêkasanira | kadi kêsasar solahe | kapargok api têtanya | Putri Mantilidirja | kagyat [ka...]

--- 67 ---

[...gyat] andulu mring wiku | lir wiku-wiku kêsasar ||

22. kang malih warni lingnyaris | sang rêtna dêkung têmbungnya | nyana wiku sayêktine | pangucape lêmpah-lêmpah | sira babo wong apa | têka nèng alas sirèku | iya dene tanpa rowang ||

23. apa silih widadari | dene ta kaliwat-liwat | sampurna têmên endahe | apa rarasati swarga | garwa Bathara Brama | apa ratih kang tumurun | garwane Sang Komajaya ||

24. ingsun anjajah prajadi | ngubêngi sakèhing wana | durung amanggih èmpêre | wong rêspati kaya sira | tumpêk ing pramudita | mung sira ratuning ayu | ratu-ratuning musthika ||

25. nanging ta panduga mami | yèn mungguha kêmbang-kêmbang | sun wêtara sira anggèr | wus sinêsêp ing bramara | sarira rurus samya | nanging imbuh trang ing sêmu | marmane têka nèng wana ||

26. wong apa mêngku sirèki | lalu datan wruh ing awak | apan ta dudu pantêse | amung sinebèng kadhatyan | iya ta pantêsira | têgêse wong tanpa kusur | tan bobot amêngku sira ||

27. tanpa ngrasa tanpa galih | èstu kramèng siya-siya | angajab ala lawase | Putri Mantilidirêja | miyarsa linambana | rumaras ing wulu puhun | sumêngkrang mariringing tyas ||

28. andhêku dènnya nauri |

--- 68 ---

narka pandhita utama | alon wau ing wuwuse | hèh sang wiku wruhanira | ingkang gadhuhi rèngwang | narendraputra dibyanung | bisikan Ramawijaya ||

29. wara Ngayodya prajèki | widagdaya tur wiweka | kêtêr ta ing mungsuh kabèh | sanjata ana sajuga | mrêtya mapadhaningrat | apa sira tan andulu | kerine wukir Dhandhaka ||

30. pira-pira mungsuh mati | rêksasa datanpa sesa | susun atimbun wangkene | lawan ambêk santya budya | limpading kapandhitan | gêng bêkti sudarmanipun | mring wana tuduhing bapa ||

31. kinèn rumêksa ing rêsi | sang pindha wiku lingira | wêruh ingsun lamun kuwe | anake Si Dasarata | tur iku kang atuwa | marmane iku tinundhung | dene ala tanpa guna ||

32. kari lan kadange sami | Brata Trugna kang utama | mulane kinarya katong | Si Rama iku kang tiwas | mulane anèng alas | pagene ta sira ayun | salah kapti tanpa ngrasa ||

33. mêngko ta ingsun tuturi | prayoga gadhuha sira | kene ana ratu gêdhe | prakosa suwarèng jagad | kêtêr saisining rat | tanpa lawanan satuhu | purane sor Suralaya ||

34. pantês amêngku sirèki | siniwèng ratu sajagad | Prabu Rahwana arane | ing mêngko pan lagi [la...]

--- 69 ---

[...gi] prapta | nadyan Bathara Endra | taruna Wisrawa kawus | Sri Banaputra katawan ||

35. kadi kumêlêm ing tasik | saanane Suralaya | sor dening prabawaningong | prayoga rewangên wirya | sawusnya warah-warah | marpêki lajêng sinambut | Sinta binêtèng ngawiyat ||

36. Sinta njrit anèng wiyati | gègèr manuk ing pêrtapan | kadya nangisana kabèh | myang kidang-kidang anggundam | kusut langêning wana | kadya coplok sotyanipun | kusut lir mati kunduran ||

11. Durma

1. wus andêdêl Rahwana gayuh gêgana | Sinta sru dèniranjrit | sambat-sambat priya- | nira Ramawijaya | lan ari Lêksmana aglis | rêbutên ingwang | cinidrèng ditya mami ||

2. kunêng tangisira Sang Mantilidirja | nênggih wau winarni | Janthayu Kagendra | gêngnya sasat prabata | kagyat duk miyarsa tangis | asambat-sambat | putra Ngayodya kalih ||

3. kèh karungu sêsambate ing ngawiyat | dhuh Ramawijaya glis | paran solahira | pisah lan dasihira | dhuh gusti susulên mami | ari Lêksmana | cacad ingsun tan sipi ||

4. marang sira sun atag anguman-uman | mêngko yayi pinanggih | ingsun nêmu papa | naraka dening sira | Kagendra Janthayu

--- 70 ---

nênggih | sampun têtela | wau dènnya miyarsi ||

5. lamun sambat putra Prabu Dasarata | pawong mitrane nguni | ngudikèng wardaya | iki Si Dasamuka | panggawene dhusthèng bumi | dyan krodha mangkrak | kirab lar angajrihi ||

6. sigra mêsat saingga prabata mangkat | gumrêng prahara angin | lar amawa braja | kumlap kadya raditya | lungiding lar ngilat thathit | lir ombak bangkat | patuk sru malya mengis ||

7. kadya singa sardula karti sampeka | Janthayu mulat aglis | Risang Yêksadipa | nguwuh akênakèn. mandhêga | kagyat yaksendra anolih | Janthayu mangsah | napyak muka narpati ||

8. krodha ngunus côndrasa Rahwana mangsah | galak mangkrak angêrik | côndrasa makilat | ingayatan umêsat | Janthayu mibêr ngungkuli | gumrêng ngawiyat | Dasamuka nututi ||

9. dêdêl sigra Janthayu niyup amapag | Rahwana dèn ungkuli | sinambêr kinêpyak | pinatuk bahunira | patuk kapêtêk trus maring | lambunge bêncah | muncar rudira mijil ||

10. kinokoping Janthayu rahnya Rahwana | kasor yudanira glis | ngawe balanira | kang samya bêkta rata | kinèn anggawa sang putri | sukêr sang nata | dènnya rah anrêsadrês. mijil ||

11. pan gumuruh jawata manadukara |

--- 71 ---

myang jaya-jaya santi | umung ing ngawiyat | ewa Sri Dasamuka | sinuraking dewa sami | bahunira mar | sigra Janthayu mamrih ||

12. bala ditya kang sami ngampingi rata | sinambêr mawut ngisis | ratanya kinêpyak | sumyur tibèng bantala | mêrêm Sang Putri Mantili | sing witne maras | manawa tibèng siti ||

13. wus sinambêr Putri Mantilidirêja | Risang Kaga Narpati | Janthayu gya mêsat | dêdêl gayuh gêgana | ginendhong sang raja putri | munggèng ngawiyat | Dasamuka sira glis ||

14. wusnya tibèng bantala Prabu Rahwana | pôncasonane dadi | sirna tatunira | tungtum pulih sadaya | nêpak bahu krodha angrik | dêdêl ngawiyat | ngusir narendra pêksi ||

15. katututan Janthayu lêmpêr ibêrnya | kèwêdan ing sang putri | tinut saparannya | mring Prabu Dasamuka | manglayang maniyup sami | saparanira | Kagendra tinut wuri ||

16. dyan anarik côndrasa PrabuhPrabu. Rahwana | pinrang Janthayu kêni | sawiwine sêmpal | tiba sang pêksi raja | Sinta manglayang sira glis | cinandhak kêna | mring sang rêksasapati ||

17. ngawe bala mêthuk sarwi ratanira | rata kang wutuh maksih | winrat munggèng rata | Putri Mantilidirja | binêkta Ngalêngka prapti | pinarnah taman | taman sajroning puri ||

--- 72 ---

18. lan sinungan pangrêksanira sang rêtna | rêksasa jalu èstri | lan pulunanira | atmajèng Wibisana | Trijatha pinôngka putri | angkat sang uwa | wil jalu kinèn sami ||

19. pituturing Putri Mantilidirêja | yèn Ramabadra mangkin | myarsa jrih dosanya | dènira numpês ditya | ing balane sri bupati | mila tan nêdya | ngupaya garwanèki ||

20. pamrihira Prabu Rahwana sang rêtna | glis lêjara sang putri | anuli kênaa | wor jiwa lan Rahwana | ing antara tigang ari | wus pinaranan | nanging sang rajaputri ||

21. datan kêna pinaranan suduk jiwa | amung ciptaning galih | ubayanirèng rat | amung Ramawijaya | dadya lingsêm sri bupati | salaminira | dèrèng kapadhan kapti ||

22. pêlarasan undurira saking taman | kunêng wuwusên malih | Sang Ramawijaya | lawan ari Lêksmana | kidang mas kang sampun kêni | pêjah binêkta | marang gène kang rayi ||

23. tiningalan tan ana wau kang garwa | lawan ta ingkang rayi | Lêksmana punika | dèrèng panggih lan raka | wau duk panusulnèki | tibèng we wisa | pucat netya maputih ||

24. kadya pinuh sariranya dening kang rah | wau ta sang apêkik | Ragawa kumêsar | muriri tyas mangarang | marang ngêndi sira yayi | jurang ingungak | manawa tibèng trêbis ||

--- 73 ---

25. apa silih pinanganing mong ta sira | nulya praptaning ari | Lêksmana Widagda | pucat kêna ing wisa | mar tyas Sang Rama nulya ngling | ari Lêksmana | Mantili anèng ngêndi ||

26. matur nêmbah duk wau kawula têngga | sêdhêng kidang munyanjrit | tinarka paduka | nimbali ing kawula | dadya kawula tinuding | nusul paduka | nanging kawula ajrih ||

27. inggih saking pitungkas paduka kakang | dadya ngujar-ujari | napatèng kawula | mila kawula kesah | arinta masih nèng ngriki | wingking wikana | kawula tan udani ||

28. sarêng myarsa wau Sang Ramawijaya | ing ature kang rayi | kumêpyur tyasira | tab-tab driya sungkawa | lir pêcat jiwanerèki | sumaput parah | parahing tyas marujit ||

29. kadya sirna jagad wus ilang idhêpnya | bumi sunya tan kari | saking gêng nèng brôngta | luhnya drês marawayan | tan wruh pasambating tangis | mênthang langkapnya | ngiwung krodha ring bumi ||

30. saput rêbah cinandhak ing arinira | Lêksmana asru nangis | dhuh gusti emuta | yèn titahing jawata | wus pasthi kêna ing sakit | duhkitaning tyas | gandhèngên lawan pikir ||

12. Kinanthi

1. kunêng Ramawijayemut | mangun mangunêng ngênani | tyasnya sêmpal kapêrapal | jinêmparing rontang-ranting | ring panah Bathara

--- 74 ---

Kama | kêmayan gêng ingkang brangti ||

2. gandrung-gandrung amangungkungamangun kung (dan di tempat lain). | konus rarasing wiyadi | kèris rês-rêsing wardaya | yayah tanpanon wiyati | sirêm soroting baskara | kadya tungkêbing pratiwi ||

3. mangu têbah jaja gandrung | dhuh yayi Putri Mantili | tega têmên jiwaningwang | tilaring dasih kaswasih | pandaya pangruwat atma | paran waluyaning dasih ||

4. duhkitèng kêtaman gandrung | sasmitanên masku yayi | hyang-hyang ing Ngendrabawana | môngsantuka ngusadani | tumpêk ing rat jagad triya | kawuwiring maskuari ||

5. bisamong asmara gandrung | paran pangupaya gusti | Ngendraloka Bramaloka | nadyan Dèwi Rarasati | pantês anyèthi mring sira | mung sira hyang-hyang ing bumi ||

6. bumi megung mawèh gandrung | rinèhkên buwana balik | rêsmining kang Suralaya | tan dadya toh maskuari | sumyur liring ombak bangkat | kumalaning jalanidi ||

7. dhuh yayi mring pundi masku | mila tan asung upaksi | paran duhkitaning driya | dêdukèng dasihta ari | suka pun Ramawijaya | pandukên patrêm kang lungit ||

8. nadyan kokêlara masku | sirnèng astanta maskwari | kewala Ngendrabawana | pupula lan sira yayi | mangsah kuliling ring wana | lan ari Sumitrasiwi ||

9. ngungak jurang-jurang gandrung | dhuh ari rêtnèng Mantili |

--- 75 ---

paran karyanta nèng jurang | mêntasa yayi ngong tarik | paran marmane dukanta | dêdukèng dasih kaswasih ||

10. anon kêmbang-kêmbang gandrung | jiwaku ari Mantili | dingarèn angalap sêkar | dene nora dèn wadhahi | kocar-kacir anèng lêmah | ênya condhonganaconthongana. yayi ||

11. prakutut munya agandrung | ari kundura rumiyin | yèn rêmên ing pêksi munya | mêngko sun pikate yayi | ingunên anèng pêrtapan | umbènana sabên ari ||

12. dimèn agandrung mangungkung | pamanggunge sabên enjing | aywa ngombèni jang-enjang | manawa pilêrên yayi | mêngko têngange kewala | dhuh mirah ari Mantili ||

13. sapa ngusadani gandrung | payo marêk ing Sang Yogi | dhuh dewa wingi tutugna | duk sira ngadhêp lan mami | gunêm sastra ayuning rat | sira tan sare sawêngi ||

14. mundur esuk gandrung-gandrung | anyangking sêkar taluki | sarwi ngêmpit sastra cêtha | kang mêntas winurcitani | wangun arjaning kanangrat | tuwin jaya wijayanti ||

15. kêlarung ing lara gandrung | saksat jroning supênari | cumanthèl tungtunge netra | tumancêb ing tyasku ari | paran kalisaning jagad | mangusadèng tyas wiyadi ||

16. ana riris-riris gandrung | kundura yayi dèn aglis | pijêr mulating manyura | ririse saya

--- 76 ---

gung prapti | manyura ngigêl kirab lar | mêngko sun cêkêle yayi ||

17. ingunên panti wèh gandrung | sajodho pisan ta yayi | lan akêlangênanira | manyuranira kêkalih | yèn dalu rada kiwakna | unine ngagèt-agèti ||

18. mawèh kung jroning manêkung | mawèh kêsar ing sêmèdi | unine manyuranira | yèn ari bae ja têbih | cangcangên ing rami sutra | manawa kaliru yayi ||

19. lan manyura gung agandrung | bok ringas cumbune yayi | baya Mantilidirêja | manyurane padha kêsit | mèt bibit wana Dhandhaka | ginawa marang Mantili ||

20. tumon lung gadhung agandrung | dhuh ni mas ari Mantili | aywa gupuh daut sêkar | gadhung manawa kênèng ri | anggèr tuduhna kewala | mêngko sun pêthike yayi ||

21. anggitên kalawan mênur | sujinên angsana gambir | winoring pare karantan | ing ukêlira maskwari | sawanging kuning manyura | wilise remanta yayi ||

22. dhuh mirah-mirah ta ingsun | apa tan asih ing dasih | paranta dosa dasihta | sira aninggal mring kali | sabên ingsun nut ing sira | karoron-roron mring warih ||

23. giri-giri gahan gunung | paranta sira wêlingi | dene dukanta kalintang | mênêng tan ngandika yayi | kadi pêsat jiwa kendhang | saking angganirèng dasih ||

24. tumonên panangis [pa...]

--- 77 ---

[...nangis] ingsun | mêtwèng rah netra ngong kalih | sirat tanggung mabang kang rah | sapa kang nguningèng dasih | mangiwung warastraningwang | tanpandon karyaku ari ||

25. arinta Lêksmanasadu | pagene sira dukani | tan wruh rèhirèng dukanta | sêdyane arinta gusti | têmahan duka maringwang | dasih tanpa dosèng gusti ||

26. myating sètu-sètu gandrung | lah payo ari Mantili | kêlangên marang têlaga | ngalap sêkar nuksmèng warih | aywa gupuh mêthik sêkar | kang ana têpining warih ||

27. yèn kèrêm ing tlaga gandrung | dasih datan bisa kari | mêngko sun tumamèng toya | taratene kang sun ambil | aywa ambondhèt maringwang | manawa tan antuk sari ||

28. sarinya mawur agandrung | kapirane sira gusti | pijêr rumêksa ing sira | rumaras ingsun maskwari | manawa pinèting mina | minane mamôngsa janmi ||

29. ngadhuh têbah jaja gandrung | hèh ari Sumitrasiwi | paran doning ngusadanta | mangkenea awak mami | wurung maharjèng kanangrat | paran wèt rumêksèng bumi ||

30. pijêr kataman ing gandrung | kuwur kaprawiran mami | lah yayi kayapayèngrat | paran prayogyane yayi | kakanta waluywakêna | sira mangasiyèng bumi ||

31. bumi gonjit gandrung-gandrung | kumêlat kilating langit | kadya kincanging kakanta |

--- 78 ---

turute katut manipis | angkên pupuring wadana | lintang sumusup ing tasik ||

32. tumonton sira sun gandrung | lir angsana munggèng wèni | ari Lêksmana Widagda | dulunên rêsmining warih | kadya ta mangayam-ayam | cirining tyas agung mijil ||

13. Mijil

1. kunêng tangise Rama tan sipi | murca tyasnya kepon | kadya tinunu bahni sokane | maruta mirir mamawa tistis | riris mangunêng ning | mangu gandrung-gandrung ||

2. jalalatan anganan angeri | gayuh roning andong | asta kanan mulêt ing uwite | asta keri mêthik ron kêkalih | winawas liniling | mênggah gandrung-gandrung ||

3. kalulute putri ing Mantili | nguni roning andong | sabên memba tansah nèng astane | môngka prabancananing lumaris | mangkya tar kentar ring | lumawading gandrung ||

4. yeka malih kang dèn karêmêni | pradapaning gêmpol | pan dhinahar nalika têngange | tinon anjrah saksana pinêthik | linêmpit liniling | kinuswa agandrung ||

5. yayi Sumitratmaja pan iki | pamèngêting lamong | kakanta sang antên karêmêne | ingkang rayi anglès angewani | mênggah sang magêng gring | ngadhuh gandrung-gandrung ||

6. ari matur pan dede ing ngriki | gèning pradapandong | loring wana Dhandhaka prênahe |

--- 79 ---

kang sinabèng mring Putri Mantili | paran kang binudi | pijêr among gandrung ||

7. bara tan bara ingkang kinapti | angayah wirangrong | kadya dede satriya pambêke | datan amrih têmahing lumaris | angayam-ayam ring | kadurus agandrung ||

8. tangèh ngadonana jayèng jurit | mêrwasèng palugon | ing satriya têmah punagine | mawantah rok bôndawala pati | munah satru sêkti | pamêkasing gandrung ||

9. kang raka ngling tuhu tan asisip | ing rèh kang mangkono | nanging aywa ginege mangsane | wêtuning prawira guna sêkti | samudanèng kingkin | sajroning mangunkung ||

10. tar parêk ing donyèng kramaniti | puputing kawuron | mangusapi drawaya waspane | dyan lumampah siram maring bèji | bèjining wanadri | mangsah gandrung-gandrung ||

11. mêntas ing warih tansah sêmèdi | puja tan tumon wong | prakêtining sêtya sung sêtyane | wusnya muja mangraup lêbwamit | mring widi sêdya mrih | pangupayèng gandrung ||

12. kawêlantah dènira lumaris | kinêkês wirangrong | asasmita wratmaka panjrahe | kuwur tyase katonton sang kadi | hyang-hyahyang-hyang. ingkang sari | sangsaya wèh gandrung ||

13. kagyat wong agung anon pratiwi | labêting palugon | sumêrambah ing rah sêmburate | pratandhaning palagan matandhing |

--- 80 ---

rêksasa narpati | lawan Sri Janthayu ||

14. goraning rah ing ron anggubrasi | akèh wulu bodhol | miwah ring kang sêmpal suwiwine | lawan rêmuking rata nèng siti | aglar dhacah kadi | tan suwe prangipun ||

15. Ramawijaya lingira aris | dulunên riningong | iki ana mêntas aprang rame | rêrêmukaning rata kaèksi | lawan ana iki | suwiwining manuk ||

16. kaya raksasa lawan ing jurit | upayanên kono | pêksi apa kang dèn rêbut kiye | dene kapati tan ngeman urip | manuk apa iki | gung suwiwinipun ||

17. iki baya yayi kang ingambil | ing paduganingong | nora liyan yayi nyata kiye | kang anyidra ing ari Mantili | wusnya dènira ngling | muntab krodhanipun ||

18. kadya kumukus netrane kalih | mêrbangbang sumarot | brakuhirèng mêtu kadirane | rênggang kadi tan anapak bumi | angganya mawêrdi | sirat latu-latu ||

19. sariranya kasamuan kadi | waja duk ingobong | anglir singa krura sru darpane | tan pae lan bathara ditya mrih | umangan-mangan ring | jagad sring ginêmpur ||

20. kadya burbuwah suh ingkang bumi | bumi rug agarok | mênantang hèh êndi ta rupane | kang

--- 81 ---

andhustha putri ing Mantili | panggah anêdya ring | rumabasèng satru ||

21. imbuh pupul tiwikrama wêrdi | wudhar widigdamot | satruning rat Sang Galamarangke | asaptaa kasapta kang bumi | bahni baskara tis | soring prabawaku ||

22. pira parbata sêkti kang tasik | de prabawaningong | saananing nir jawata kabèh | curnèng asta boga nagagini | dhik Hyang Kala ngalih | gêmpang kalamêrtyu ||

23. ah samuha digditya rasêksi | brasthèng suh wil mawor | buwana suhên tyas anane |Kurang satu suku kata: buwana suhêna tyas anane. gêgana trang rasa tala basmi | Ramawijayèki | ngraning rat dibyanung ||

24. wusnya singa nabda gya manirig | gandhewa gumêrot | ewa krodhanirèng jagad kabèh | ah kosunya tarpa siyang ratri | waluywa kadya ring | duk ing ngawung-uwung ||ngawang-uwung.

25. Dyan Sumitratênaya manangis | nêmbah mêngkul gupoh | hèh emuta driyanta salahe | krodhèng jagad tanpa dosa yêkti | apa ta tan asih | curna ing jagad suh ||

26. apan paduka yogya mangêmit | aywa tyas mangkono | apa silih tanpa don lêkase | kadi mangeman mandhama budi | ngêndi wong tan asih | ing jagad arja gung ||

27. kawula merang miyati bumi | paduka salah ton | duka-duka tar wruh tanpa [ta...]

--- 82 ---

[...npa] gawe | durakèng rat papa kang pinanggih | èngêtên tumuli | aywa ta kadurus ||

28. paranta krodha matèn-matèni | tanpa dosaning wong | sinêbuting cupêt ngêna-êna | liwat saking anggung nêpsu wêrdi | pan jinising cacing | tan arsa pitutur ||

29. lan iya ta jinising lêluwing | lintah rês-êrês poh | lah ing pundi patutên tulade | kang lara kung mung paduka ugi | myang kang karya sakit | pan botên wong sèwu ||

30. arsa ngawut barang kang kaèksi | pan asoring asor | nadyan dede satriya pamane | môngsa wontêna lampah kadyèki | manawa ta cacing | tan darbe lêmpêru ||

31. kagyat Ramawijaya myarsa ngling | tyasira sumêdhot | kaluhuran sabdane arine | minta aksama mring batharadi | têrang tyasirèki | kang rayi rinangkul ||

32. ari Lêksmana taruna yêkti | wuwus kang mangkono | dadi bonggan atilar prajane | yèn muranga ing rèh kramaniti | aksamaniradi | gêng sinom ing ngayun ||