Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 14-26)

Katalog:Rama, Yasadipura I, 1923, #832
Sambung:
1.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 01-13). Bahasa dan Budaya | Wayang #1090.
2.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 14-26). Bahasa dan Budaya | Wayang #1091.
3.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 27-39). Bahasa dan Budaya | Wayang #1092.
4.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 40-54). Bahasa dan Budaya | Wayang #1093.
5.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 55-74). Bahasa dan Budaya | Wayang #1094.
6.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 75-91). Bahasa dan Budaya | Wayang #1095.

14. Sinom

1. langkung trusthanirèng driya | Ramawijaya lumaris | lan ari Sumitraputra | nyangking gandhewa pribadi | tan pêgat asêmèdi | samarga agandrung-gandrung | asihing puja môntra | wus lêpas lampahnya kalih | nulya mulat pêksi [pê...]

--- 83 ---

[...ksi] gung kadya prabata ||

2. ngukruk ngandhuruk katingal | suwiwi ilang sasisih | wong agung alon ngandika | yayi iki ana pêksi | lah payo dèn parani | mangsah sarwi gandrung-gandrung | ngêmbat gandhewa dibya | calêk arsa jinêmparing | duk tumiyang Janthayu alon lingira ||

3. hèh Ramawijaya sira | aywa sangsaya ing mami | ingsun iki Kaga Raja | rungunên pitutur mami | yèn sun narendra pêksi | kang pêparab Sri Janthayu | ingsun mêntas ayuda | lan Dasamuka Narpati | purwaning prang Putri Mantilidirêja ||

4. cinidra lan Dasamuka | tangise anèng wiyati | sêsambat Rama Lêksmana | susulên rêbutên mami | anggung nangis jrit anjrit | dadya ngrês ingsun angrungu | karana Dasarata | mêmitra kalawan mami | ana tangis sambat Dasarataputra ||

5. kagyat sumungsul ing tawang | Rahwana ingsun tututi | kacandhak anèng gêgana | ingsun mangsah ing ajurit | rame prang ing wiyati | silih rok rumêkêt dangu | sun patuk Si Rahwana | bahu trus lambunge kêni | lambung bêncah rahnya drês tibèng bantala ||

6. Dèwi Sinta nèng gendhongan | ingalih mring rata aglis | Dasamuka kaprajaya | sukêr ambêkta sang dèwi | anulya ngong tandangi | ratane sun dhupak rêmuk |

--- 84 ---

kabèh tibèng bantala | turôngga yêksa kèh mati | Dèwi Sinta sampun kacandhak deningwang ||

7. sun gendhong ngayuh gêgana | dadya lêmpêr ibêr mami | kèwêdan gawa sang rêtna | Si Rahwana ingkang kanin | pôncasonane dadi | daging otot balung putung | winatêk pôncasona | kang pêgat atungtum malih | nulya mêsat anututi marang ingwang ||

8. nulya kacandhak malih prang | angrêbut Putri Mantili | apan suda ibêr ingwang | katututan ing wiyati | pinrang côndrasa mami | sêmpal siji bahuningsun | cape panggendhong ingwang | Dèwi Sinta kêna malih | apan uwis binêkta marang Ngalêngka ||

9. ingsun tiba ring bantala | dene sangêt ingkang kanin | Janthayu wau sawusnya | pitutur nulya ngêmasi | Ramawijaya nênggih | lan ari Lêksmana ngungun | mulat ing Sang Kagendra | dene tegane ing pati | dyan rinangkul mring Rama asru karuna ||

10. sêsambat Ramawijaya | dhuh Janthayu Kagapati | asih têmên amêmitra | mantêp anglabuhi pati | kalulut ing Ramaji | nêdya tumêrah maringsun | iya dewa bathara | walêsên ing swarga luwih | ing patine Kagendra satya susatya ||

11. satriya Ramawijaya | lan ari mangarsan aglis | sung urmat ing pêjahira | pun Janthayu

--- 85 ---

Kagapati | kumutug dupa agni | wangke Janthayu tinunu | pinintakakên swarga | musna wau ta winarni | lampahira satriya Ramawijaya ||

12. nusup aris lampahira | lêstari wong agung kalih | satriya Rama Lêksmana | awirandhungan samargi | tansah mandhêg anolih | gandrung-gandrung amangungkung | tumon pêksi manyura | jalalatan amêrmêkiamêrpêki. | pêksi mêsat wong agung kari anggana ||

13. anon kang pêksi dewata | kumalebat nèng wiyati | kadandapan angandika | hèh yayi Sumitrasiwi | iku dutaning putri | ngusadani lara gandrung | dangu datan katingal | sumaput panoniraris | asadhepok nèng ngandhaping kayu teja ||

14. astanira ingkang kanan | ngoyog-oyog ngandikaris | hèh kayu teja ta sira | apa nora dèn wêlingi | maring Putri Mantili | asung usadaning gandrung | èngêt nulya lumampah | ana sikatan kaèksi | pinaranan pamuwuse ngêla-êla ||

15. yayi Mantilidirêja | baya sira lagi prapti | paranta duhkitaning tyas | sangêt anyêndhu ing dasih | saungkurira gusti | ingsun tansah gandrung-gandrung | baya mring Endraloka | ngambil usada sêjati | ngusadani ing dasih gandrung asmara ||

16. kumênyut èngêt saksana | lumampah [lu...]

--- 86 ---

[...mampah] wong agung kalih | kang rayi tansah nèng wuntat | amanggih ditya nèng margi | bahu panjang tan sipi | anama pun Dirgabahu | gung môngsa buron wana | wana kang ingambah gusis | sato mawut Dirgabahu amamôngsa ||

17. astanya angayuh marga | panjange anglêliwati | mulat Sang Ramawijaya | tangan ditya malang margi | ngunus katganira glis | pinêrang pun Dirgabahu | pêdhot tumibèng lêmah | waluywa cintrakanèki | Dirgabahu punika apan jawata ||

18. lumrang katon tejanira | sariranira kaèksi | kadya Sang Hyang Diwangkara | kagèta satriya kalih | jawata têtanyaris | ing ngêndi sira mas putu | wijil lan karyanira | pagene anèng wanadiwanadri. | dyan sumaur wong agung Ramawijaya ||

19. tutur mula-mulanira | miwiti malah mêkasi | gantya Sang Ramawijaya | têtanya umatur aris | sintên tuwan puniki | dene cahyane kalangkung | lir basônta purnama | mingis sêdhênge dhadhari | sulap ingkang wadana andiwangkara ||

20. sumaur Sang Hyang Jawata | ingsun anak Bathara Sri | marmane kêna ing mala | duk Sang Hyang Guru cangkrami | pan ingsun anglangkahi | marang wêwayanganipun | dadya kênèng supata | rupa ditya ingsun nuli | dèn dhunakên saking ing Endrabawana ||

21. satriya Ramawijaya | mangrêpa [mangrê...]

--- 87 ---

[...pa] umatur malih | kawula dipun rojonga | paran wêkasing gêng kingkin | punapa ta pinanggih | ingkang dadya gênging wuyung | myang sirnaning niaya | dhustha mamak cidrèng bumi | jawata ngling manthuk-manthuk awêwarta ||

22. mas putu nastapaningwang | pangèstuningsun sawitning | kabèh kasraha ing sira | iya pan besuk pinanggih | Rajaputri Mantili | nèng Ngalêngka ênggènipun | pinèting Dasamuka | marga prang gêdhe ing benjing | kapanggihe Putri Mantilidirêja ||

23. mringa gunung rêksamuka | pun besuk sira dèn ungsi | ana palwagadirêja | sudira prawirèng jurit | balane tanpa wilis | punggawa wre anung-anung | kabèh maha saktiman | prabuning wre sura sêkti | widigdaya sira Narpati Sugriwa ||

24. ing mangkya duk mangun brôngta | Sugriwa Sri Narapati | dukacipta kaya sira | garwane pinèting nguni | ana wanara Bali | pan iya kadange sêpuh | dhustha cidrèng buwana | sura sêkti wre Subali | apan iku besuk mati dening sira ||

25. Sri Mahaprabu Sugriwa | sor mungsuh lan wre Subali | nanging kang bala wanara | tan ana trêsna sawiji | maring wanara Bali | mung Sugriwa trêsnanipun | dènnyambêk sadu budya | anglabuhi lara pati | mring Sugriwa sagunge bala wanara ||

26. Sugriwa mahardikèng rat | pinandhita [pinandhi...]

--- 88 ---

[...ta] wre sayêkti | Sugriwa pama andaka | lawung nanging agêng brangti | sira weha wêwinih | ilangna prihatinipun | dadi mêtu anaknya | andaka sira duwèni | sakarsanta dadi têmpuh anèng karya ||

27. iya besuk mitranira | Sugriwa ngêntasi kardi | mulane kalulutana | Sugriwa mitranên pasthi | nglabuhi lara pati | Sugriwa sabalanipun | wre sadu ambêk santa | prakosa prawirèng jurit | sugih bala wre dibya Prabu Sugriwa ||

28. katêmu sakarsanira | iku wuwusku sayêkti | poma-poma ilangêna | prihatine Sugriwèki | besuk iku malêsi | barang ciptamu kêpangguh | sawusnya awêwarta | musna wau Sang Dewa Sih | nulya mangkat manusup Rama Lêksmana ||

29. lampahe awirandhungan | ingkang cinipta ing galih | asrêp ing tyas sawêtara | wêwêlinge Sang Dewa Sih | kasusu gêng ning wingit | mila têmah gandrung-gandrung | lampahe kasangsara | anasar-nasar ing margi | anut rèjèng datan kewran ing jêjurang ||

30. marga grêng ori sinêrang | nêmahi rampal arumpil | kombang ngaras ing wulusan | sumêrang ngiringi wukir | èngêt kantêp tyas rujit | mangu têbah jaja gandrung | lajêng ing lampahira | nulya manggih talagadi | samya kèndêl munggèng têpining talaga ||

--- 89 ---

31. toyanya wêning anawang | kathah wowohan sarywadi | anêdhêng panungsungira | kadya nambrama kang prapti | yayah angusadani | ingkang manggung lara gandrung | Radèn Sumitratmaja | amêthika kalih manggis | sinaoskên ing ngarsanira kang raka ||

32. nanging kang raka tan arsa | mung miyat wêninging warih | tan ana ingkang kacipta | tan lyan Sang Putri Mantili | lajêng satriya kalih | lampahira gandrung-gandrung | miyat ana pêrtapan | binusanan taru asri | pala pelag sinilisirsinalisir. kêmbang-kêmbang ||

33. sinarajèng kayu teja | parijatha ngapit-apit | lêlima anjrah ing ngarsa | panggunge munggul ngungkuli | rêsêp duk aningali | mangsah sarwi gandrung-gandrung | anênggih kang pratapa | punika Suwaribrangti | sakalangkung anglangkungi tapanira ||

34. wong agung kalih duk mulat | maring Sang Suwaribrangti | kêsêling sayah wus ilang | tumamèng satriya kalih | marang Suwaribrangti | hèh sang tapa sira iku | dene kaliwat-liwat | tapanira sira pêksi | sapa ingkang pitutur marang ing sira ||

35. lawan pêksi apa sira | rupanira kaya mangsi | dènnya gung prabawanira | ingsun mulat ing sirèki | sayah ingsun pan mari | lan pangêlih ingsun mantun | tyas ingsun ora murka | malah sudira ring tapi | kudu-kudu kêpengin kang

--- 90 ---

kaya sira ||

36. dene wingit solahira | nêtêpi puja sêmadi | ingsun kelingan sakala | iya maring guru mami | Bagawan Tiksna Yogi | apadene liyanipun | kèh puruhitaningwang | sira iki sapa mangsit | gawe tapa luwih saking guladrawa ||

15. Dhandhanggula

1. pan manungswa aran kang kadyèki | Suwaribrangti nauri sabda | iya nora sira bae | bali-bali pan ingsun | ingkang prapta ing ngarsa mami | padha olih sabarang | ing sakayunipun | kêna barang kang sinêdya | ingsun tutur mulane ingong pra tapi | ana ngajak maringwang ||

2. garwanipun Hyang Wisnu kariyin | duk dinukan saking Suralaya | mring Sang Hyang Guru marmane | panglenggot bawa iku | nalika Hyang Guru cangkrami | marang nginggiling swarga | sadaya pan tumut | sagung kang para jawata | jodhon-jodhon garwane Hyang Wisnu sisip | ana ing pasamuan ||

3. kênèng bêndu tinurunkên aglis | marang madyapada kênèng mala | rupa wêraha dadine | kèndêl ngungsi ring gunung | iku ingkang ngajak ing mami | angingu marang ringwang | ana surat ingsun | pan têtinggal kuna-kuna | gung winaca ing siyang kalawan ratri | nulya Hyang Wisnu mêdal ||

4. saking pacangkraman duk ing nguni | umiring guru ing pacangkraman | nêdya mulat ing garwane |

--- 91 ---

kinèn ta garwanipun | atênggaa dhasaring bumi | sêdhênge lagi têlas | maca suratipun | gustiku nuli palastra | nuli nitis lajêng mring dhasaring bumi | dadi Pratiwi nama ||

5. jisime wadhag wêraha kari | gêtihing jisim pan ingsun pangan | daging sarta lan kulite | marmane kêna ingsun | ing prihatin rupa lir mangsi | wau sasêgahira | duk prapta wong agung | kalih sagunge wowohan | lawan dupa kumutug Suwaribrangti | asru pamuwusira ||

6. hèh ta Rama asiha ring mami | lah usapên ta wêdananingwang | mulyaa kadi ngunine | sigra Rama tumanduk | wus ingusap Suwaribrangti | mulya mêmalanira | Suwari gya muwus | hèh Ramawijaya sira | dene bisa nyirnakkên rêrêgêd mami | nyata Wisnu Bathara ||

7. sasat katon Hyang Wisnu majanmimanjanmi. | ingsun tutur wong agung mring sira | kêpanggih sira ing têmbe | Putri Mantili iku | sadohane pasthi kêpanggih | dadi sakarsanira | prang gêdhe ing besuk | lêbure nagri Ngalêngka | iya saking panggaweanira benjing | ana wanara raja ||

8. yèku kondhangira ing ajurit | wre sêkti Sang Narpati Sugriwa | tanpa wilangan balane | iku mitranên tuhu | Ratu Agung Wanarapati | maranga rêksamuka | Sugriwa ing

--- 92 ---

besuk | amondhongi marang sira | mêngko lagya jêngkar sawadyanirèki | saking Guwa Kiskêndha ||

9. wusnya pitutur Suwaribrangti | musna dadi sining Suralaya | wau satriya kalihe | kari agandrung-gandrung | lampahira amurang margi | katampêk luluting tyas | gandrung amangungkung | kusumanjrah munggèng awan | pinarwasèng maruta mrêdunya amrik | ngênani sang wiyoga ||

10. lir pinêtêk kang wardaya rujit | satmata sasmitanya gung rimang | mangu arawat waspane | tumindak gandrung-gandrung | kawilêt ing angkara kèksi | mênggah asayut driya | gandrung amangungkung | sirarya Sumitratmaja | wrining gita kang raka tanpa ningali | netra kabêndung waspa ||

11. dadya aris dènira ngriyini | yayah tumuntun lampahe raka | kang raka nut salampahe | gandrung-gandrung mangungkung | tanpanon rat lulut nampêki | barang kang kawistara | amuwuhi gandrung | kasturi kawêntar milar | munya sêlèt wong agung kagyat miyarsi | rêbah ngisor angsana ||

12. ngandikalon marang ingkang rayi | yayi Sudarsana ana swara | sumêlèt sarta gandane | baya kang karya gandrung | Rajaputri Mantili prapti | wêlas mring sang asmara | ngusadani gandrung | ari matur sampun salah | ing panarka pan wau buron kasturi |

--- 93 ---

milar atilar gônda ||

13. sampun-sampun anangsayèng budi | lami datan praptèng Rêksamuka | pijêr sangsaya lampahe | kadurus gandrung-gandrung | benjing yèn wus prapta ing wukir | ing Rêksamuka gènnya | gandrung amangungkung | kawigaran anèng marga | pijêr sêndhu tan amrih aglise prapti | ing wukir Rêksamuka ||

14. Ramawijaya nauri aris | ari Lêksmana ika talaga | tinon akèh busanane | unining bramara rum | lir tangise yayi Mantili | kukilane sauran | amuwuhi gandrung | guyune nyatèng kakanta | sêkar anjrah ing siti gôndamrik wangi | nanduki grananingwang ||

15. kadya lukar ukêlirèng nguni | iya Nimas Mantilidirêja | ngong kagèt ôngsa unine | asru nangsayèng gandrung | kabèh padha niayèng kami | isining wana kêmbang | kêmbang kayu-kayu | kang katingalan sadaya | samya karya laraning tyas lir jêmparing | ngênani ing tyas ingwang ||

16. marutalon saha riris tistis | mawèh ngênês ngrêrujit tyas ingwang | adhuh-adhuh lae-lae | paran wasanèng gandrung | laraningong kêmbanging pati | pati-pati pantara | pantaraning tuwuh | tumuwuh tuman kataman | yèn tan ana sihing jawata kang asih | banjutên banjurêna ||

17. sapa tulung kalêlangên mami |

--- 94 ---

ilangêna walang-atiningwang | lalunên lana lênglênge | dhuh gusti pêpujanku | antenana dasiherèki | kagyèt Ramawijaya | aningali gunung | ing Rêksamuka sukunya | langkung pringga tan kêna ingambah janmi | ewuh gawat kaliwat ||

18. inginggahan mring satriya kalih | pasthining dewa saèstu kêna | wus munggèng pucuk ênggène | gandrung-gandrung mangungkung | datan pêgat muja sêmadi | apasrah ing satitah- | ira Sang Hyang Guru | miwah mring Sukma Kawêkas | pan sumôngga ing rèh molahakên dhiri | lênyêping madyapada ||

19. ing nalika praptèng tigang ari | panêkungira satriya Rama | gênjoting prabata agrong | bayu bajra kumrusuk | prakampita agraning wukir | gêtêr patêr liwêran | asêngara limut | dhèdhèt erawati ngakak | alimêngan ampak-ampak awor riris | samodra aruhara ||

20. dhêdhêt sumêrambah kilat thathit | asênggani kêtug pracalita | busêkan ing wana kabèh | ing tigang ari nutug | sirêp surya datan kaèksi | kumêlun dupanira | wau sang mangungkung | kumêjot trêping wardaya | rawat-rawat marutaris riris aris | sunar baskara mimba ||

21. sang asmara mulat nganan ngeri | kawistara pringganing prabata | ngungun amangun onênge | asasmitèng mangungkung |

--- 95 ---

wirotamèng sêdya sêmadi | kunêng gantya winarna | Sang Wanara Prabu | Sugriwa kang dukacipta | kasor ing prang lan kadangira wre Bali | jêngkar saking Kiskêndha ||

22. saha bala wanara tan kari | saênggènnya angêbêki wana | Prabu Sugriwa balane | pan sèwu yuta langkung | lawan yuta kaping sakêthi | maksih kêna dèn wilang | luwih saking iku | mung punggawane kewala | kang ingetung sagung wanara bupati | tan pae lan manungswa ||

23. solahira anglampahi kardi | anggêpira maring ratu miwah | maring punggawa sakèhe | apan sajuru-juru | wêwêngkone para dipati | mila kasoran ing prang | mungsuh kadang sêpuh | tan arsa angadu bala | mung prang tandhing tan nêdya cidra ing jurit | wre Narpati Sugriwa ||

24. kamituwanya kang pra dipati | Kapi Anila Kapi Jêmbawan | bupatya bot sêsanggane | wontên pulunanipun | sutanira Dèwi Anjani | wre taruna digdaya | ing wêweka putus | limpad pasanging grahita | apêparab Radèn Ramadayapati | kapi kapila warna ||

25. nadyan taruna asring tinari | sira Rahadèn Bayutênaya | Radèn Anoman wastane | kathah jêjulukipun | Radèn Rama Andayapati | wontên malih punggawa | nama Endrajanu | Krêdana Gôndamadana |

--- 96 ---

Sata Bali Wisangkatha lan Putaksi | Susena lan Winata ||

26. pun Anila punggawa undhagi | ngên-angêne Sang Kapi Anila | tawèng wisa sabalane | lan pun Arimindèku | pun Gawaksa lan pun Sêmpati | Wrêksaba Dasaraba | pun Gawaya Danur- | dara miwah Darimuka | Bimamuka Dumragawa lan Kesari | kabèh prawirèng yuda ||

27. samya gêng-agêng kagiri-giri | datan wang-wang napak jumantara | punggawa wre sadayane | widigdaya nung-anung | lumrah bala anyatus kêthi | ana amatang yuta | mitung yutanipun | sabên punggawa satunggal | mila datan kêna yèn itungên tulis | sagung wanara bala ||

28. Narapati Sugriwa winarni | saênggène tansah ulah puja | tan lali ing batharane | pan sangêt ambêk sadu | ing nalika Sri Narapati | Sugriwa antuk lamat | sajroning mangungkung | manêkung ujaring swara | hèh Sugriwa luwara kingkinirèki | ing kene angungsia ||

29. loring gunung Maliawan iki | ana satriya saking Ngayodya | Ramawijaya namane | kalawan kadangipun | nama Radèn Sumitrasiwi | yèku sarananira | tan lyan saking iku | munahkên duhkitanira | wus prayogya ing sakarsanira kêni | pantês èstunên pada ||

30. nadyan dêlahan iku pinanggih | satriya [satri...]

--- 97 ---

[...ya] iku musthikaningrat | anggêpên jawata dene | mung iku pasthinipun | kang matèni wanara Bali | Sugriwa sawusira | undhang balanipun | budhal marang Maliawan | saha bala kadya robing jalanidi | giri rèh gara-gara ||

31. otêring kang pratiwi lir gonjing | saking gungirèng bala wanara | malêdug buron alase | kadya prabata kapuk | katêrajang prahara angin | mawut saparan-paran | wre rêbut dêlanggung | gumuntur kang prakampita | prabata gung manggut-manggut gronging bumi | mandhêlong kombak-kambak ||

32. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta gunung Maliawan | kèbêkan wanara gêbèl | samya saosanipun | wanara kang para dipati | ênggène ratunira | pasanggrahan agung | tata trêp bala wanara | sigra wau Radèn Ramadayapati | ingutus mring kang paman ||

33. mondhongana satriya kêkalih | ingkang anèng gunung Rêksamuka | Anoman tur sêmbah lèngsèr | tanpa wadya wus mabur | lampahira mêdal wiyati | umyus kang bayu bajra | sêmpal kang pokah puh | kayu puh kyèh kaparapal | kayu-kayu rug rêbah rampal kang rumpil | grêng ori-ori rampal ||

34. de prabawèng Ramadayapati | pantês prayoga lamun [la...]

--- 98 ---

[...mun] dinuta | tanpa wadya bayu bae | anut saparanipun | prapta Rêksamuka tumuli | tumiyup maring ngandhap | Anoman angungun | andulu ewuh ing marga | êndi ana manungswa ngambah ing ngriki | kabèh gunung jinajah ||

35. nulya panggih satriya kêkalih | Radèn Ramadayapati mangsah | tumamèng marang ênggène | Sang Ramawijayèku | wus atata sami alinggih | Anoman atêtanya | hèh sang ambêk sadu | ing pundi marga paduka | kongsi sagêd minggah ing wukir puniki | gawat kaliwat-liwat ||

36. nadyan Si Bathara Surapati | môngsa puruna mring Rêksamuka | paranta pangupayane | liring pakèwêdipun | Rêksamuka anglêlangkungi | jro jurang-jurang guwa | kyèh rêksasanipun | ula gêng banaspatinya | kayu-kayu arungkud kèh ori rumpil | singa warak andaka ||

37. ingkang sami angadhang ing margi | mongira samya krura mamôngsa | sêsêngkan jurang pèrènge | watu-watune lunyu | tur tumawing miring anggawing | tan kêna ingancikan | watune gumlundhung | têla-têla isi ula | idêkana pinggire anyêmbur sami | ulanya galak-galak ||

38. saking ngêndi gonira ngunggahi | ana kêdhik iku ingkang rata | tan kobêr dening gajahe | marang talaga adus |

--- 99 ---

pan atusan kang wira-wiri | pêluk-pêluk pinggirnya | jurang lunyu-lunyu | yèn gocèkana wiwitanwit-witan. | wiwitanewit-witane. anggawing tur padha êri | êrine mawa upas ||

39. witing kayu pinggir parang curi | yèn nyandhaka wite sol kewala | padhas landhêp ngatut bae | tumibèng jurang iku | rasêksine banjur nampani | liyan saking paduka | môngsa praptèng suku | tangèh gununge praptaa | ingsun iki aywa mêtuwèng wiyati | nora pisan kaduga ||

40. kunêng lingnya Ramadayapati | angandika Sang Ramawijaya | hèh bêbakal sira kiye | gampang kalawan ewuh | apan ana ingkang akardi | yèn wania ing gampang | wêdia ing ewuh | sabarang nora tumêka | yèn antêpên gampang ewuh dadi siji | ing purwa nora nana ||

41. wruhanira hèh sadu sun iki | piyarsakna iya wuwus ingwang | marmane prapta ing kene | ana ratu pinunjul | sumbagèng rat pinandhitadi | mahambêk santya budya | paramartèng wadu | ing Ngayodya Dasarata | saliring kang wasesa sura kamuktin | barang kamulyan ana ||

42. sugih putra samya sura sêkti | môndraguna ari ngong sadaya | iya amung ingsun dhewe | tan sayogya tur punggung | tinuduh ing Rama Sang Aji | mentara maring wana | rumêksa [rumê...]

--- 100 ---

[...ksa] ing wiku | Bagawan Yogi Sutiksna | pan rumêksa pêrtapan lan ari mami | katiga garwaningwang ||

43. Dèwi Sinta putri ing Mantili | dhinustha marang rajèng Ngalêngka | mulane ngong praptèng kene | Radèn Anoman muwus | hèh satriya karya ngong iki | ana wanara Raja | Bali prawiranung | tanpa sêsamèng ayuda | pan angrêbat ing garwane ratu mami | Sri Narendra Sugriwa ||

44. saking jrihe mungsuh Bali sêkti | pan kapindhone kadange tuwa | mila jêngkar sabalane | punika kang angutus | amondhongi paduka mangkin | inggih adrêng sumêmbah | ing suku manêkung | parêng lêbure padanta | tur kawula yogya mitranên sayêkti | paduka nugrahana ||

45. maha pinardika sadu budi | arjèng kang driya Prabu Sugriwa | lumampah ing sapakone | saking gênge tyas tuhu | yèn manggiha pitutur niti | mitraa anganggêpa | ing gusti kadyèku | lêbur ngayahan paduka | tan kumêdhèp angsahna mungsuh dityaji | anut sabaya pêjah ||

46. riwusnira Anoman dènnya ngling | lêga tyasira Ramawijaya | sarêng ta wau angkate | Rêksamuka kapungkur | samya dharat wong agung katri | bayu bajra ruhara | mêsês lesus-lesus | wrêksa papal kaparapal | suka miyat Ramawijaya lan ari | Risang Sumitratmaja ||

--- 101 ---

47. praptèng Maliawan lampahnèki | horêg sagunge bala wanara | mulat Anoman praptane | lan ambêkta wong agung | ngumpul marêk kang pra dipati | Sugriwa garawalan | amêthuk tumundhuk | binêkta mring pasanggrahan | wus atata lênggah Sugriwa Narpati | lawan Rama Lêksmana ||

48. pra dipatya wre atap ing ngarsi | dene sagung wanara sadaya | liya saking punggawane | sasuka-sukanipun | cingak wau wong agung kalih | mulat bala wanara | gêbèl ing wana gung | kaèbêkan Maliawan | mulat suka palwaga kang alit-alit | kukur-kukur anèng pang ||

16. Pangkur

1. rêngrêng gunung Maliawan | sapraptane wau wong agung kalih | Sugriwa upamanipun | kapanasên laminya | wre Subali pama diwangkaranipun | praptane Ramawijaya | sarta sanjatanirèki ||

2. Sugriwa mari panasnya | jêmparinge Rama ingkang ngaubi | yèku pama mega mêndhung | ingkang anyirêp panas | sira Ramawijaya suka andulu | pra dipati wre sadaya | warnane anggêgilani ||

3. dene wre alit sadaya | tuhu mosil pating palangkruk sami | ngalungakên kacangipun | cêngkir têbu pinundhak | kèh solahe mangkana wau Sang Prabu | Sugriwa among kutugnya | dupa pala [pa...]

--- 102 ---

[...la] wangi-wangi ||

4. tutug saubayanira | amor tuhu miwah sapati urip | lair batin sarêng gêmpur | wus têguh kalihira | sira Prabu Sugriwa kudu nomipun | Ramawijaya kang tuwa | Sugriwa umatur aris ||

5. hèh pukulun uningaa | kasêktène inggih wanara Bali | tan ana pêpadhanipun | nênggih rikèng triloka | botên saking mêmêdosi gunggung mungsuh | saking sayêktining guna | saking gêng marmane dasih ||

6. trêsnèng kawula mêmitra | kawruhana sêktining mungsuh nênggih | nguni banting gajahipun | inggih Bathara Endra | kadi nyêgutnyênggut. garinting upaminipun | tur nalikane sring tapa | sarirane kuru aking ||

7. nêpak gunung sèwu sirna | wontên satrunira Hyang Endra nguni | Yaksendra Mesasura wus | sirna lan Janthasura | mila datan kang ngên-angên pêjahipun | sintên ta kang ngasorêna | yudane wanara Bali ||

8. ing mangkya prapta paduka | kadi-kadi cipta kawula yêkti | pun wre Bali pêjahipun | saking panah paduka | inggih panah ingkang saking mahawiku | kawula nyuwun pratôndha | panahên êtal puniki ||

9. Dyan Rama ngêmbat gandhewa | tiniyangkên tal pitu jinêmparing | tatas kabèh tal pêpitu | liwat naratas tatas | langkung suka Prabu Sugriwa andulu |

--- 103 ---

sigra angundhangi bala | kumrap sagung wre bupati ||

10. angundhangi sowang-sowang | ing balane kumrutug ing wanadri | gora wrêksa kayu-kayu | otêr ron maputêran | prabawane wadya wre kang samya ngumpul | lir jawah swara solahnya | gumêrgut anggêgirisi ||

11. budhal panganjuring aprang | pun Winata kalawan Sata Bali | pitung yuta balanipun | ing wuri tan petungan | pêtêng dhêdhêt aruhara ing wana gung | nêdya mring guwa Kiskêndha | ngrabasèng wanara Bali ||

12. Bali kêboya wunuan | ngrêregoni maring puja sêmadi | Ramawijaya puniku | pama kinèn rumêksa | mrih sidane kang pinrih jro pujanipun | Dèwi Tara kang upama | pinrih sajroning sêmadi ||

13. wong agung kalih tan têbah | lampahira lan Sugriwa Narpati | ginarêbêg punggawa gung | ing kanan kering atap | lampahira gandrung-gandrung kapirangu | amalih ciptaning driya | onênge garwa lan jurit ||

14. dadya rêmbên lampahira | pan ingayap dening wre pra dipati | gandrung-gandrung kapirangu | mulat Prabu Sugriwa | mèsêming tyas wruh sêmunira wong agung | gandrunge onêng ing garwa | kapirangu dènnya jurit ||

15. ngêjèpi Prabu Sugriwa | pra dipati sadaya kinèn ririh | ing lampah aja kasusu |

--- 104 ---

asasmitèng rumêksa | solah ingkang gandrung-gandrung kapirangu | prapta ing Guwa Kiskêndha | bala wre kang munggèng ngarsi ||

16. munggul katon gapuranya | samya piyak wanara tata baris | sumyar makasut matimbun | aglar ngêbêki papan | ingundhangan nganan ngering kapang têpung | Sugriwa pamit magut prang | nêmbah ngusapi padèki ||

17. ngandika Ramawijaya | iya yayi mêtua ing ajurit | Subali dimène mêtu | mêngko ingsun umangsah | yèn wus katon sun tibanane mungsuhmu | Sugriwa sigra umangsah | mêrpêki gapuranèki ||

18. munggul pêtêng korinira | palomponge tinon ngebat-ebati | Sugriwa mangkrak anguwuh | mêre masinga nabda | wre punggawa sami mêre sru gumuruh | ibêkan punang gêgana | wre Bali kagyat miyarsi ||

19. gadgada mêre ibêkan | sigra mijil sira wanara Bali | horêg sagung wre andulu | wêdale Bali Raja | sigra parêng mangsah têmpuh rok parêng hrug | rukêt udrêg maputêran | saut-sinaut ngênani ||

20. manêpak parêng manampyal | kosik uwal rame sêbit-sinêbit | tarik-tinarik manimprut | okol makol manimprat | mingis-mangas parêngnya manguwil irung | mangruwêk ing kuku mangkas |

--- 105 ---

agoncit puntir-pinuntir ||

21. gut-gutên butêng kalihnya | krodha nêkêk sami asilih piling | garut-ginarut mangrênggut | kalih lir singa rodra | rahnya mrêbêl ing muka drawayèng bahu | mring dhadha kadya kungkuma | tan ana kasoran kalih ||

22. satriya Ramawijaya | ewuh mulat prange Sugriwa Bali | mênthang langkapira mangu | ewuh ingkang tiniban | ing sanjata bok kaliru mitranipun | Sugriwa nora karuwan | dene warnanira sami ||

23. Sugriwa sor titih ing prang | rambut ginarêmus duk pinalipis | mundur Sugriwa angukruk | rahnya myas palimar pyas | pinêrêping janggut pinarwasèng untu | sagung maharsi sadaya | kang munggwing têpining wukir ||

24. samya manonton mèt kêmbang | sang manguyu cantrik samya ngurmati | ngudanakên arum-arum | wau Prabu Sugriwa | prapta nêmbah ngarsaning Rama umatur | hèh mila paduka cidra | mila botên anglêpasi ||

25. kawula sayah mèh pêjah | pijêr para tonton pan yuda mami | Ramawijaya amuwus | hèh yayi ingsun kewran | ngong tujua ing jêmparing bok kaliru | dene warnanira padha | kapiran pamanah mami ||

26. yèn mêngkono têngêrana | mèta rondhon siranggea sêsawi | yèn uwis tatêngêr gupuh |

--- 106 ---

payo nuli mangsaha | aywa walang-ati ing mêngko sun tuju | Narpati Sugriwa sigra | mangsah kotbuta mangêrik ||

27. tinadhahan parêng tandang | angrok rukêt siyut pipit-pinipit | angêpyak rênggut-rinênggut | kongkal kontal-kinontal | dyan satriya Ramawijaya anuju | ing Bali tanpa têngêran | ing rondhon wus jinêmparing ||

28. kêna jajanira tiba | sagung kang wre mulat wanara Bali | yèn tiba surak gumuruh | kadya manêngkêr wiyat | rok arga rèh jawata ngudankên mêrdu | manuhara kêmbang-kêmbang | anjaya-jaya masanti ||

29. Bali miyat glana lara | hèh Sugriwa sapa manah ing mami | Ramawijaya gya rawuh | lan ari Sang Sumitra- | tênaya lan wre punggawa ngayap pungkur | mêrpêki andulu samya | mring wanara Bali kanin ||

30. ngêsah molah gêlasaran | sarwi mojar ragane baya iki | kang amanah marang ingsun | wre atub wurinira | sarayane Si Sugriwa nyata iku | hèh satriya ngêndi sira | warnamu anom rêspati ||

17. Sinom

1. sumaur Ramawijaya | satriya Ngayodya mami | ingsun Dasarataputra | sru angling wanara Bali | pan sarwi mêmpis-mêmpis | kanine ing jaja têrus | nging pangucape rosa | hèh pagene [pa...]

--- 107 ---

[...gene] ta sirèki | satriyadi gawe tindak liwat nistha ||

2. juti-juti sru druwaka | hèh pagene manah mami | apa dosèngong ing sira | manah tanpa dosa yêkti | ingsun angrungu dhingin | yèn satriya sura sadu | yogya rêksakaningrat | mêngko sun wêruh pribadi | dadi salah kang ngucap bêcik ing sira ||

3. yèn sira guru pandhita | mêngkono tekadirèki | yèku pandhita kasungsang | sukêr pamulange sisip | pêdhês bae kang dadi | wuruke pandhita bingung | lah iya ngêndi ana | wèh lara tanpa dosèki | nora wirang dènira durakèng jagad ||

4. lirira ana ing wana | têgêse ala sayêkti | apan bapanira nata | pinandhita kramaniti | yèn bêcika sirèki | pasthi yèn ginawe ratu | sira anake tuwa | têka kang anom kinardi | Si Barata kang masthi mahardikèngrat ||

5. ingsun aprang lan Sugriwa | têka sira salah kardi | têtulung wre tan sêmbada | wre dhustha cidra ing bumi | mêksa dèn kaluluti | pratôndha budimu kathung | gêlah-gêlah ing jagad | tan bodho bapakmu nguni | nora sisip sira dèn tundhung ing wana ||

6. yèn sira satriyotama | têka tan wirang ing bumi | lan soroting diwangkara |

--- 108 ---

tan isin gêbyaring sasi | lan aku aprang iki | lan Sugriwa kaping sèwu | pan ora dadi apa | jêr aprang lan kulit daging | amung sira kang têtêp duskartaningrat ||

7. dene ta musthikaningrat | yèn nyata-nyata sirèki | ri èng Dasarataputra | sayêkti kêmbanging bumi | lawan nêdya sirèki | kasidane munah satru | Ngalêngka Dasamuka | têka pijêr salah kardi | amatèni palwaga datanpa dosa ||

8. yèn ingsun aprang tuhua | mêtokkên kadibyan mami | akasa bumi kasapta | wukir miwah jalanidi | yèn ingsun nêdya budi | kabèh iki dadi mêrtyu | sirna ing krodhaningwang | lah êndi bênêrirèki | pratandhamu pati opèn salah karya ||

9. tan olih mriha wêrdyèngrat | ilang bênêrmu pranatis | kasantaning sadu sirna | wanara Bali wusnya ngling | Ramawijaya aglis | marêpêki alon muwus | hèh pantês lamun sira | wre tan wêruh ngala bêcik | ingsun manah ing sira tan nêmu papa ||

10. jati-jatining satriya | utama ing nguni-uni | kang sun nut sun têpa-têpa | nora dosa ngong matèni | marang ing sira iki | kabèh isining wana gung | ingkang alaku ala | kang anêdya mêlarati | iya maring sêsama samèng tumitah ||

11. aja [a...]

--- 109 ---

[...ja] simaning yèn kênas | liyane ingsun patèni | kabèh pakewuh ing alas | sun kalani sun susugi | sun buru sun pikati | mrih kênane sadayèku | sawadine kênaa | sêsukêr kang malarati | sarupane kang dursila satruningrat ||

12. lawan ingsun wus têtela | pangrunguningong sirèki | wre nistha tar parikrama | Sugriwa sira alani | sira misahkên nguni | Sugriwa lan garwanipun | Dèwi Tara sira lap | têtêp sira anindaki | analutuh sirèku duskartaningrat ||

13. wau sapamiyarsanya | sira sang wanara Bali | pangandikanira Rama | uninganira sayêkti | mênêng ngungun tan sipi | nêmbah-nêmbah umèh lampus | hèh Rama tuhu sira | kêmbanging bumi sayêkti | lah matia Subali gêlah ing jagad ||

14. hèh Sugriwa sukur sira | kinalulut Dasarati | sasat bathara maharja | ingsun ingkang amimitiamiwiti (dan di tempat lain). | ya ingong andhingini | ruwating wanaraningsun | ing besuk iya tunggal | gonira kalawan mami | yèn wus padha sinung ruwating jawata ||

15. ingsun kang kaliwat ala | wus pasthining jawatadi | atukar lan saudara | sirantuk pahala yêkti | dene nora marêngi | ruwatira lawan ingsun | ingsun kang dhinginana | nampani sih jawata [jawa...]

--- 110 ---

[...ta] sih | sira yogya milya karyaning bathara ||

16. sawusira amitungkas | Subali ngêlungkên aglis | kêmbang mas maring Sugriwa | kang munggèng jaganirèki | Sugriwa anampani | kêmbang mas dinokok gulu | Bali anulya pêjah | cinatur antuk swargadi | ya ta wau kang kari bala wanara ||

17. santana wre samya nêmbah | mring Subali kang wus lalis | wangke tinunèng pancaka | mangkana Sri Narapati | Sugriwa wus sumilih | ing kadhatonira prabu | Kiskêndha kang ayasa | Prabu Mesasura nguni | langkung asri kadhaton kèh sarta boga ||

18. wong agung kalih ngaturan | mring pura kalangkung gêng sih | Sugriwa wuwuh bêktinya | kapati ring nrêpasiwi | ecanira wus panggih | lawan Dèwi Tara iku | nanging sampun ababar | wawratanira wus lami | mêdal jalu anama Radèn Anggada ||

19. lêstari ta putranira | Bali Tênaya ingambil | putra mring Ramawijaya | pinundhutakên bupati | wanara kang ngêmbani | Sugriwa nyaosi sampun | bupati wre Druwenda | anggadhuh Anggada nuli | ing karsane wong agung Ramawijaya ||

20. kapindhone putranira | dhingin kang paman sang aji | iya Narpati Sugriwa | dene ta kang kaping kalih | dènnya pinundhut maring | Ramawijaya satuhu | mangkana wus [wu...]

--- 111 ---

[...s] ubaya | Rama lan Sugriwa nênggih | panggitike marang nagari Ngalêngka ||

21. Sugriwa ubayanira | ring Ramawijaya benjing | sêdhêng kêdhike kang jawah | katanggêlan rêndhêng mangkin | Ramawijaya amit | angantosi maring gunung | gunung ing Maliawan | sinaosan prênahnèki | lampahira anganthi kapat punggawa ||

18. Kinanthi

1. gandrung-gandrung kapirangu | lampahe wong agung kalih | Endrajanu lan Winata | Anila lan Sata Bali | lawan bala wre sayuta | kang badhe anambut kardi ||

2. karya padhepokanipun | lèr wetan sukuning wukir | sasêngkan kaparèngambat | têngah-têngah awêradin | nênggih limang atus cêngkal | toyanjog badhe kinardi ||

3. gandrung-gandrung kapirangu | lampahe samargi-margi | Endrajanu lan Winata | Anila lan Sata Bali | sangêt wêlasnya tumingal | ing gusti kabyatan wingit ||

4. gandrung-gandrung kapirangu | kagyating manyura muni | cêngongong sumêbut mêsat | kadandapan duk ningali | katon risang mawèh rimang | kusuma Putri Mantili ||

5. kunêng ingkang kapirangu | wau ta ingkang winarni | kapibala akèh prapta | kang wus samya ngariyini | sukuning wukir lèr wetan | lajêng sami nambut kardi ||

--- 112 ---

6. wau ta sang kapirangu | wong agung lampahe prapti | kèndêl munggèng pasanggrahan | Prabu Sugriwa ing nguni | ngantosi kang nambut karya | Kapi Anila angrakit ||

7. nalikanira ing dalu | wong agung mangsah sêmadi | sirêp kang bala nawarawanara. | sadaya wus samya guling | nadyan Truna Sudarsana | wus dangu dènira guling ||

8. kukusing dupa kumêlun | ngêningkên tyas sang apêkik | kawêngku sagung jajahan | nanging sangêt angikibi | Sang Rêsi Kanekaputra | kang anjog saking wiyati ||

9. kagyat risang kapirangu | pinêngkul kinêmpit-kêmpit | dhuh sang rêtnaning bawana | ya ki tukang walang-ati | ya ki tukang ngênês ing tyas | ya ki tukang kudu gêring ||

10. têka dadak milu-milu | kaya polahe wong cêplik | lali yèn kalêngkaningrat | ing bawana amurwani | musthikaning jagad traya | dhêmên lalèn sônggarunggi ||

11. sun iki ngêmbani wuwus | dera Sang HyaHyang (dan di tempat lain). Otipati | Bathara Sukma Kawêkas | sira ingkang dèn paringi | nênggih maosadi lata | panguripe wong sabumi ||

12. sira arsa aprang pupuh | lan ditya Ngalêngka aji | panguripe kapibala | roning lata maosadi | yèn ana matyèng palagan | ungkulana maosadi ||

13. waluya ing uripipun | kêna

--- 113 ---

sira adu malih | tandurên ing dhepokira | sukuning Malyawan wukir | lah uwis sira kantuna | Narada mêsat wiyati ||

14. nugraha sang kapirangu | badhe tinanêm pribadi | nadyan ari Sudarsana | datan sinungan udani | wusa ring sadaya mangsah | jênêngi kang nambut kardi ||

15. tan cinatur laminipun | wus paripurna rinakit | sagunge bala wanara | wus samya tinundhung mulih | marang ing Guwa Kiskêndha | tan kêna kari sawiji ||

16. amung sukane wong agung | manêkung badan pribadi | lan ari Sumitratmaja | tan kêna tinunggwèng dasih | wau rêngganing prawata | dhepoke wong agung kalih ||

17. asri busanane gunung | dhepoke satriya kalih | pinarsada jêjidharan | paripurna pinarigi | angongkang talaga dibya | toyanya sumilak wêning ||

18. binotrawi angênguwung | akik winêngku cêndhani | wagêde Kapi Anila | rêngganing lêlarèn alit | marik kayu apu pita | sapangandhap sapanginggil ||

19. mêngkab katrajang ing ranu | lingkap kakape kaèksi | akik wungu kang kinarya | sinunduk sinungan sêntil | ingukir lawan kanaka | Anila ingkang akardi ||

20. angubêngi toyanipun | ing dhepoke larèn alit | wutahe pan tinalangan | akik [a...]

--- 114 ---

[...kik] dadu kang kinardi | ngandhap sinungan gupala | pinindha wanara Bali ||

21. jajar kalih gupala gung | prasamya akik ingukir | siji pinindha yaksendra | ajêng-ajêngan alinggih | duk winuruk pôncasona | dening sang wanara Bali ||

22. toyanjog ing bahunipun | amanggul kang talang akik | bahune kiwa sadasa | dene bahu kanan sami | sadaya kang dadi ôndha | malipir talanging margi ||

23. tibane toya sumawur | sumamburat mêratani | kanan kering talagendah | toyane datan lumaris | liyane toya tinalang | pan sadaya rinêngga sri ||

24. pêpêthètan amêmuthut | kêmbang-kêmbange ngubêngi | kayu anyang angayangan | waranayom angayêmi | adas tarawas naratas | katumbar ambabar pinggir ||

25. cabe cêngkèh candhana rum | pêpala kayu têgari | sari adas sidawayah | manis kamukus masoyi | ing kalêmbak kapulaga | pucak pacar amalipir ||

26. talanira lumut-lumut | lamat-lamat tan alimit | lana kala kaliwatan | yèn sang wira wira-wiri | lami langlang kêlangênan | karoron-roron lan ari ||

27. sinambungan roning sêmbung | balumbang balong balimbing | ring kulon wunglon kilenan | kalong kalukalung. kolang-kaling | kali [ka...]

--- 115 ---

[...li] kêkalèn kalingan | dhukut dhêkêt mulêt têki ||

28. sêsêngkan pèrèng aparung | parang rong miring kapering | kêkarangan arang-arang | urung-urunge pring ori | asrang sinêrang karangrang | angrêrèwèng urang garing ||

29. bayangan bayêm ngrêmbayung | lor durèn arèn kuwèni | rawe-rawe ing rêrawan | kara rewang taru turi | karandhang lir ngadhang-adhang | kadhondhong nêdhêng asandhing ||

30. bengok bênguk nganguk-anguk | pêcuk cangak nucuk cacing | kacancang ing anjang-anjang | jinunjung bajangan bajing | jalarang mèlu angarang | tinanggulang ing tênggiling ||

31. warak wuru ngawur-awur | kang ngawêri kiwir-kiwir | kuwur tawur nora tawar | sulur silar ting saluwir | suwari roro kumêlar | kumêlasar anêlisir ||

32. anucuk kêcaping pucung | kacaruk carang kacêpit | cacap cucuke kacêpat | suwak-suwèk ngiwak-iwik | mangap kacangap srangsrangan | sinungsung ing walang sangit ||

33. rame bramara marèng rum | sumamar sêkar saruni | sari wungu we wêwêngan | tunjung bang kumambang têmbing | kambêng ambêngan nèng tambang | kaliling kaya ngalingi ||

34. tarate otêr kabêntur | bêntar kentir intir-intir | entiring toya antara | rêramening irim-irim | kêkiris riris karasan | kadya raras tinon aris ||

35. wetan tangkile tumungkul |

--- 116 ---

ngulêng kanônga kamuning | walikadhêp kêdhap-kêdhap | andhêndhêng kang randhu kuning | tinubing simbar kababar | kêkajar kadyanjajari ||

36. kidul kandêl dhuwêt dhuku | jêruk jirak jambu jali | jambe jajar bêbanjaran | ênggène dhêmping agamping | roning suruh kadi sarah | kumêlar kelor kumêlir ||

37. mèh daut mêndat kadudut | kadawan drawasèng angin | biyoyot biyêt abayat | Ramawijaya mulat ing | kabèh kêlangêning wa |Kurang satu suku kata: kabèh kêlangêning wana. kalanglangan lênglêng brangti ||

19. Asmaradana

1. tuhu tan kêna winarni | rênggane kang padhepokan | Kapi Anila wagêde | ingukir pinôncawarna | akik bang akik seta | akik dadu akik wungu | ingukir kuku kewala ||

2. mangkana wong agung kalih | yèn dalu tansah mêmuja | sanityasa sêmadine | yèn ari angenggar-enggar | ngidêri kêlangênan | gandrung-gandrung kapirangu | anon ngurage kang sêkar ||

3. kagagas Putri Mantili | dhuh mirah pêpujaningwang | paran solahira anggèr | apisah lan dasihira | sarwi tumindak ngetan | gandrung-gandrung kapirangu | mulat kayuapu pita ||

4. dhuh ari Putri Mantili | kayuapu tingalana | ing jêro ana kakape | kakap akik kang kinarya | tumindak malih ngetan | gandrung-gandrung [gandrung-ga...]

--- 117 ---

[...ndrung] kapirangu | mulat toya kang tinalang ||

5. dhuh kusuma maskuari | miyata toya tinalang | pan ing nguni karêmêne | wangsul mangilèn saksana | ngubêngi pakêbonan | gandrung-gandrung kapirangu | mulat kalong kênèng kala ||

6. sarwi nucuk kolang-kaling | yayi Mantilidirêja | gusti kêlangênan kalong | kalonge ing Maliawan | unine kaya kidang | cangcangên panging kapundhung | anggèr pakanana wala ||walang.

7. nanging aja walang sangit | manawapês nuli pêjah | pakanana walang gênjor | lumampaha ngidul nulya | mring Karangjambe jajar | kapirangu gandrung-gandrung | mulat suruh kadi sarah ||

8. dhuh ari Putri Mantili | saosan kang jambe sêdhah | andhêmping goning gampinge | yayi urabana sêcang | campur dhêdharanira | nyangking sadak gandrung-gandrung | kapirangu tiris dênta ||

9. yayi iki cêngkir gadhing | ing nguni kalulutira | anggung sinurat pêputrèn | pinindha Putri Magada | ngunus patrêm abela | gandrung-gandrung kapirangu | belane kurang utama ||

10. tan mulat kang dèn belani | sabêne karêmênira | dangu sigra wangsul ngalèr | marang ing toya pancuran | pring ori kang kinarya | kapirangu gandrung-gandrung | miyat sêluring karangrang ||

11. angrêrèwèng urang aking | mirah sira tingalana | iki [i...]

--- 118 ---

[...ki] sêmut asêsêmon | sêsomahan amèt môngsa | sigra kundur saksana | gandrung-gandrung kapirangu | kang diwangkara diwasa ||

12. prabane sumirat kuning | agonjing mustakanira | kang ima wilis duk katon | trênyuh tyasira tumingal | kadya kang salang-salang | kang akarya lara gandrung | sadalu datanpa nendra ||

13. dhuh Gusti Putri Mantili | paran wêkasing wiyoga | angin ruhara gorarèh | dutaning rêtu karyonang | gurnita anangsaya | manglawan muwuhi gandrung | rarasing wêdananira ||

14. tumutur gêbyaring sasi | kidang-kidang katon tandang | sumêngèr tinggal unine | kemutan ing swaranira | liman anggung liwêran | sun agandrung kapirangu | katon kawagêdanira ||

15. lintang sumusup ing tasik | kilat limut lamat-lamat | umulat kincang ta anggèr | gandaning kusuma sumyar | mrêdu nanduki grana | masuk sumusup ing jantung | mêrês rarasing wardaya ||

16. drawayèng waspa ngong ari | angon manyura kirab lar | kumêlap kadya remane | nalika ukêl winêdhar | dhuh mas yangyanging teja | dasihta gung kapirangu | tan kawawa nahanêna ||

17. anon kuntul kontal-kantil | katatal katula-tula | katali salêlewane | talaga kocak kalembak | ngalabi lêbak-lêbak |

--- 119 ---

maruta sangsayèng ranu | kadya dening imbanira ||

18. kunêng kang anggung wiyadi | wuwusên Guwa Kiskêndha | Sri Maha Sugriwa Katong | lan sagung bala wanara | samya muktining boga | gung alit sadaya tuwuk | tan ana winalang driya ||

19. tuwin Sugriwa Narpati | andon raras karasikan | lan Dèwi Tara garwane | muktyanèng sajroning pura | Anggada wus diwasa | wus pinacak satriya gung | punggawa sinungan bala ||

20. sinami lawan Maruti | balane Radèn Anggada | Druwenda bupati gêdhe | têtêp ngêmbani Anggada | apan ingkang parentah | Bathara Rama ing dangu | Anggada pinundhut putra ||

21. warnane tuhu ngajrihi | acancut rowa arikat | kadya baskara netrane | yèn asêgu kadya gêlap | gêtêr patêr sauran | turas prajurit pinunjul | kinudang ing tri bawana ||

22. wadya wanara gung alit | amuji Radèn Anggada | mendah ing aprang bobote | dhihin anake prawira | kapindho kasêpuhan | ingambil putra satuhu | ing Gusti Bathara Rama ||

23. kunêng Sugriwa Narpati | wuwusên ing Maliawan | wong agung kang awirangrong | nalika enjing alênggah | lan ari Sudarsana | munggèng soring nagasantun | kang raka asru ngandika ||

--- 120 ---

24. hèh yayi Sumitrasiwi | tingalana langit ika | pan wus samya rêsik kabèh | yayah budining pandhita | sari wus padha ngurag | kang ôngsa wus akèh mabur | mamrih toya mring talaga ||

25. mangsane katiga prapti | pagene yayi Sugriwa | têka lali ubayane | pijêr amukti wibawa | anèng sajroning guwa | baya nora mêtu-mêtu | tan mulat padhanging wiyat ||

26. dene ubayaning dhihin | sêdhêng arang ingkang udan | kapindra sanggup angkate | amukul nagri Ngalêngka | iki ta wus katiga | baya ta nora andulu | maring silaking ngakasa ||

27. panguraging sarwa sari | yèn rina tan mêdal-mêdal | pijêr muntêl ing paturon | karane tan kaemutan | maring môngsa katiga | pijêr nora sêdya mêtu | apa tan ajrih tumingal ||

28. patine wanara Bali | yayi sira lumakua | maring Kiskêndha dèn age | Si Sugriwa ucapêna | lalune ing ubaya | ingkang rayi nêmbah mundur | mangkat ngecani wardaya ||

29. amikul langkap pribadi | pinundhak ing bahu kiwa | nyangking jêmparing têngêne | kang aran Surawijaya | sanjatane Lêksmana | ing marga datan winuwus | prapta ing Guwa Kiskêndha ||

30. bala wre kathah udani | praptanira sang nararya | malajêng maring kadhaton |

--- 121 ---

tur uningèng ratunira | Radèn Lêksmana prapta | Sugriwa gupuh amêthuk | wus kinèn angaturana ||

31. lumajêng ingkang tinuding | wong agung wus ingaturan | lajêng tumamèng kadhaton | horêg kang bala wanara | samya saosing karya | Sugriwa mêthuk tumundhuk | gupuh ring sang wau prapta ||

32. ngrarêpa sarwi nungkêmi | wau Narpati Sugriwa | mangraup nguswa lêbune | ing suku Sumitratmaja | sampun ngaturan lênggah | munggèng singangsana murub | prapta glar kang pra dipatya ||

33. Sugriwa umatur aris | dhuh anggèr raka paduka | jêng gusti mendah dukane | pun patik angraos dosa | mèh lalu ing ubaya | wuruning ôngga pukulun | anglimputi kaluputan ||

34. wisaya wibawa mukti | arang wruh ing kapuwaran | pun patik kalangkung awon | lamun kawula ngutusa | marang bala wanara | ambalengkrah gunung-gunung | ngosak-asik wana-wana ||

35. pintên wiyaring jaladri | kalaban bala wanara | Sumitratmaja lingnyalon | yayi sira ingandikan | parênga lawan ingwang | Sugriwa nêmbah umatur | suwawi inggih sandika ||

36. Prabu Sugriwa ngêjèpi | umêsat Radèn Anoman | minggah ing gapura gêdhe | sigra anggoyang gathita | garjita kapibala | kumrutug [kumru...]

--- 122 ---

[...tug] saengga jawuh | ibêkan purnang gêgana ||

37. lir guntur nêngkêr wiyati | kumurusuk kumêrasak | kadya prahara goragrong | wanara kang têbih gènnya | lêlakon pitung dina | dhêdhêt prapta susun timbun | ing wuri pan dèrèng têlas ||

38. tuhu tan kêna winilis | gunge kang bala wanara | datan karuwan wêndrane | sèwu kirna sèwu wurda | misih kêna dèn wilang | pitung dina ping pat kêmput | têbane bala wanara ||

39. Radèn Ramadayapati | mulat angulon angetan | angidul miwah angalèr | sangkêp kang bala wanara | tan ana liru prênah | ing sajuru-jurunipun | ing wuri maksih kumêrab ||

40. anjog Ramadayapati | saking gapura wiwara | wus praptèng ngarsa prabune | asasmita wus samêkta | ambêkta singangsana | saosane sang aulun | pinanggul wanarèng wuntat ||

20. Pangkur

1. budhal Narpati Sugriwa | saha bala lir robing kang jaladri | kumrusuk saengga jawuh | prahara tibèng wana | pra dipati anggolong sajuru-juru | Radèn Lêksmana Widagda | tan têbih lan Narapati ||

2. Sugriwa lêpas lampahnya | tan winarna ing marga sampun prapti | munggwing Maliawan gugugunung. | sagung bala wanara | kadya jawah ngêbêki wêngkoning gunung | agêbèl [agê...]

--- 123 ---

[...bèl] tanpa wilangan | wana jurang-jurang têrbis ||

3. kèbêkan bala palwaga | Sri Bupati Sugriwa mangsah aglis | lan sagung punggawanipun | kerid Sumitraputra | praptèng ngarsanira Ramawijaya wus | gupuh anungkêmi pada | umatur angasih-asih ||

4. dhuh gusti batharaningwang | nuwun pêjah pun patik langkung sisip | ing ubaya datan tuhu | pijêr angeca-eca | langkung saking mudha dama mudha punggung | tan eling ing kangnugrahankanugrahan. | ing gusti sru anglèbèri ||

5. tumêrah jiwôngga mulya | sagung suka muktya boga pangasih | saking gusti kang pinunjul | tangèh umangsulêna | ing dhawuhe marta sih saking pukulun | o gusti satuhu mudha | wre tangèh wruha ing bêcik ||

6. yèn tan wontêna aksama | sang aulun dhatêng dasih tan yukti | yêkti têmah apapagung | druhaka salaminya | yèn èstua pangapuntên sang aulun | lêhêng pun dasih dadosa | lamak samadyaning jurit ||

7. têtawuring rananggana | tan kumêdhèp têmpuh nèng prabatapi | lêbura têmahan awu | botên ngampêlu nêdya | ngingkêdana sanyari miwah sarambut | basmi awor ing bantala | ing ayahan paduka ji ||

8. myang sagung bala wanara | sawarnine wus sêdya lêbu pati | katur ing karya pukulun | wêwaha satus praja | ingkang

--- 124 ---

kadi Ngalêngka mimbuha sèwu | tumpêka saisining rat | kang kasôngga ing pratiwi ||

9. kaungkulan ing ngakasa | kang kataman dening gêbyaring sasi | kang kasorotan puniku | padhanging diwangkara | tan gumingsir lêbura ngarsèng prabuku | Sugriwa sarwi karuna | sagung wanara dipati ||

10. mulat prabune mangrêpa | matur asih nungkêmi padanèki | sadaya samya andhêku | dhêngkluk sirahe samya | mèpèt siti kêthip-kêthip netranipun | mung buntute congot-congot |Seharusnya guru lagu: 8a, mung buntute congat-congat. kadya bajul ngosèk sami ||

11. mèsêm Sri Ramawijaya | angandika iyapa kang pinikir | balik ta mungsuhirèku | apa prayoganira | ingsun darma anut pungkur ing sirèku | wis payo padha linggiha | Sugriwa tur sêmbah linggih ||

12. jajar kalawan Lêksmana | samya tangi sagunge wre dipati | ing wuri gêbèl atêpung | tembak atap atarab | tanpa wangên kadya wiyat angêndhanu | upama samodra wutah | balabar ngêbêki bumi ||

13. sagung wanara dipatya | samya kinèn ngabêkti sang siniwi | Anoman mangsah rumuhun | nêmbah anguswapada | gantya Radèn Anggada sampun tumanduk | sagung wre kang pra dipatya | pranata agênti-gênti ||

14. suka Sri Ramawijaya | mulat sagung wre prawira wus prapti |

--- 125 ---

lir gora gambira catur | yayah basmèng Ngalêngka | de kang bala wanara samya gul-agul | samoha maha saktiman | gumrêgut anggêgirisi ||

15. lawan ambêke sadaya | wre gung alit ambêk sapati urip | ratuning wre wus angratu | Risang Ramawijaya | ciptanira lêbur luluh ing satuduh | Rama ingakên jawata | sungkême ing pati urip ||

16. sigra Narpati Sugriwa | angêjèpi bupati putra kalih | kêkalih punggawanipun | mangsah marang ngayunan | Radèn Ramadayapati kang pêngayun | lan Radèn Balitênaya | Anila Jêmbawan sami ||

17. palwaga raja ngandika | hèh Anoman sira kang ingsun tuding | marang Ngalêngka sirèku | iya manawa ana | ing jro kutha Ngalêngka titikên iku | garwane narendraningwang | gustiku Putri Mantili ||

18. têka ing kene marganya | ngidul bênêr liwat ing jalanidi | kang dadi kanthinirèku | ngatêra jaban kutha | Si Anggada Anila Jêmbawanipun | aywa kèh anggawa bala | papat gawaa nyakêthi ||

19. padha wre kang pêpilihan | akèh-akèh manawa angrubêdi | aja adharat sirèku | mêtua ing gêgana | Si Anoman dhewe kang bakal malêbu | maring jro pura Ngalêngka | hèh po radèn ngati-ati ||

20. yèn wis liwat ing

--- 126 ---

sagara | nuli gunung Suwela komargani | ing kono aja katungkul | goning buta bêrduwak | yèn anginêp aywa bêbarêngan turu | bêcik padha gagêntèna | sawuse Suwela giri ||

21. nuli manjinga jro pura | anjêjêpa ing dalêm gêdhe dhingin | yèn gustimu tan katêmu | kaputrèn lêbonana | dalajahên manawana tangis krungu | pasthi yèku Dèwi Sinta | intipên dèn ngati-ati ||

22. intipên sakèhe wisma | rungokêna manawana kalêsik | sanadyan ora kapangguh | pasthi antuk kang warta | ing ênggone sang putri bok akalipun | kiniwakakên manawa | gustimu Putri Mantili ||

23. wusnya ngling Prabu Sugriwa | sigra Ramawijaya ngandikaris | iya dèn prayitnèng laku | sira anèng Ngalêngka | bok pinarêng katêmu marang gustimu | manawa tan ngandêl sira | yèn duta saka ing mami ||

24. lah iki sêsupeningwang | aturêna marang ing yayi dèwi | pratandhane sira tuhu | yèn utusan sakingwang | Radèn Ramadayapati nêmbah maju | sêsupe wus tinampanan | tur sêmbah kapat bupati ||

25. mêsat saking ing ngajêngan | sarêng budhal wanara patang kêthi | wus tilar dharatanipun | anapak jumantara | kadya kilat kumêlap kabèh laripun | kadya baskara mapanas | kumêlap wre pakangpatang. kêthi ||

--- 127 ---

26. ngandika malih Sugriwa | mring punggawa hèh sira Sata Bali | ngalora lan sabalamu | Susena angulona | Si WisataWinata. angetana sabalamu | alas-alas jurang-jurang | gunung-gunung kali-kali ||

27. osak-asikên sadaya | manawa dèn umpêtkên rajaputri | padha dharata sirèku | nêmbah katri punggawa | sarêng budhal kumrutug sawadyanipun | tigang bupati punika | bêkta bala nyatus kêthi ||

28. kunêng kang ngalor kang ngetan | kang angulon alas dèn osak-asik | kali-kali gunung-gunung | jurang-jurang sadaya | wus kèbêkan bala wanara kang ngluru | guwa sami dèn balengkrah | mring balane Sata Bali ||

29. lawan balane Susena | lan Winata kang sami ngosak-asik | wau ta ingkang angidul | lampahe Sang Anoman | Baliputra Anila Jêmbawan sampun | praptèng giri Warawendya | luhure anglêliwati ||

30. jêmbare sasat Malyawan | samya kèndêl sagung wre munggèng wukir | Anoman kang môngka juru | sayah bala wanara | samya ngambil wowohan anusup-nusup | gègèr saisining arga | kambah wre kang patang kêthi ||

31. ayêm kang bala wanara | amanggih wohing gunung adi-adi | lan ayêm padha angaub | samya rêbut panggenan | ingkang [ing...]

--- 128 ---

[...kang] ngaub sawênèh banjur aturu | punggawane kang sêkawan | agunêm rungsiting margi ||

32. dangu-dangu samya mulat | ana lawang guwa kyèh manuk mijil | kumêbul andulur-dulur | sigra bala palwaga | mulat lawang ing guwa samya lumêbu | kumrutug arêruhunan | praptèng jro guwa ningali ||

33. ana pagêr katingalan | kadi pagêr gêdhong tinon aputih | sumunu baswara murub | sigra bala wanara | anglêbêti sajroning gêdhong puniku | amanggih ingkang atêngga | wong wadon kênya satunggil ||

34. warnanira langkung endah | samya mèsêm wre dènnya aningali | sawênèh samya gumuyu | ing wuri ting cukakak | polah-polah angrêraga solahipun | ana ingkang angujiwat | kadya kasmaran gêng brangti ||

21. Asmaradana

1. pawèstri ika nyuguhi | toya kalawan wowohan | toyane langkung asrêpe | awor arum sawatara | kang wre suka sadaya | sêsuguhe malah tuwuk | tinakèn salakunira ||

2. wanara saurira ris | pan ingsun wre Maliawan | kinongkon ing ratuningong | Bathara Ramawijaya | maring nagri Ngalêngka | mariksa ing garwanipun | Dèwi Sinta nèng Ngalêngka ||

3. dhinusthèng Dasamuka ji | lah sira iki [i...]

--- 129 ---

[...ki] wong apa | dene ana kene dhewe | têka wani tanpa rewang | lan iki sapa karya | tilasing kadhaton agung | sapa yasa ing gapura ||

4. lan sapa aranirèki | sapa nurunakên sira | wong wadon alon saure | ingsun aran Sayêmpraba | dene ta bapaningwang | pan ratuning danawa gung | nama Prabu Wisakarma ||

5. ibu Sumèru suwarni | iya iku kang ayasa | kadhaton uparênggane | purwane rusak dinukan | dening Bathara Endra | iya dening niru-niru | kantha-kanthaning suwarga ||

6. kadhaton wolu swargadi | mulane pinanah barat | Endra asangêt dukane | dadi rusak malah mangkya | kari iki kewala | minôngka panggenan tunggu | ing guwa iki lan alas ||

7. lawan widadari siji | kang pinôngka rewang ingwang | kang sinung pagaweane | tunggu dadi kanthiningwang | pakone Sang Hyang Endra | yèn sirarsa aglis rawuh | marang nagara Ngalêngka ||

8. mangkana dêlingirèki | pan wus prabawaning ditya | sanadyan dudu kadange | dudu gusti dudu mitra | yèn ta sami danawa | tunggal ing pênganggêpipun | dene jinise kewala ||

9. tunggal pangulahe sami | nanging wau Sayêmpraba | tan arsa amrih rusake | maring kang bala wanara |

--- 130 ---

mila ewa kang manah | de miyarsa lampahipun | wre maring nagri Ngalêngka ||

10. Sayêmpraba lingiraris | lah iya padha mêtua | têka ing guwa dèn age | yèn sirarsa aglis prapta | maring nagri Ngalêngka | ing batin Sayêmprabèku | amasang aji kêmayan ||

11. lah payo tukupa sami | yèn wus padha tukup mata | nuli mêtua dèn age | yêkti glis praptèng Ngalêngka | wre kabèh sami suka | pangrasanira satuhu | pangucape Sayêmpraba ||

12. alah si sayah lumaris | glisa prapta ing prabawa | wusnya tukup mata kabèh | sigra kinênan kamayan | ajine Sayêmpraba | wre cadhok sadayanipun | tan wruh lor kulon dul wetan ||

13. tan wruh lènging guwa ajrih | kamikêkêl sêdhihira | wus dangu dyan mata kapèn | tan wruh yèn wus mêtu samya | saking sajroning guwa | ukur cadhok mamaripun | mangkya kang wanara bala ||

14. lor kidul datan udani | tanpa budi tutur ilang | sadaya sênêb atine | riwut jagad idhêpira | bingung binglêng kalintang | Anggada sêdhih ambêkuh | langkung tanpanon ing jagad ||

15. Kapi Jêmbawan ningali | susahe Radèn Anggada | dene kudu pêjah bae | merang tiwase dinuta | kapi tuwa Jêmbawan | dadi sungkawa

--- 131 ---

kalangkung | miwah Sang Kapi Anila ||

16. sira Ramadayapati | mulat ing Kapi Jêmbawan | wre tuwa susah atine | Anoman mèlu sungkawa | dadya sadayanira | wanara sêdhih kalangkung | samyambêk suka pêjaha ||

17. anèng ardi Windu sami | angur si muliha aran | rêmpêk kabèh panangise | kunêng wontên kang kocapa | ratuning pêksi dibya | pinandhita ambêkipun | nama Sêmpati prawira ||

18. gêngnya saprabata siwi | cucuk malandhêp lir braja | nanging wulune barondhol | kalimis lir but-êmbutan | gêgilani winulat | samya jrih wre kang andulu | kabubuh prihatinira ||

19. dene kang pêksi marani | gêngira tur salah rupa | ngadhêp marang wre jadhodhot | wre samya asambat-sambat | dhuh cacad têmên padha | ingutus karya tan kantun | pijêr kêna ing kêsmala ||

20. duryasa bae pinanggih | adama tanpa budaya | Si Sayêmpraba cidrane | alêhêng kabèh matia | duta tiwasing karya | cacak Si Janthayu manuk | tan ingutus antuk karya ||

21. pan ika milyambelani | tur nora kinongkon iya | sêprandene têkèng layon | ingsun iki kang dinuta | tiwas tan antuk warta | kawit lêgane tyasipun | jêng Gusti Ramawijaya ||

--- 132 ---

22. anyare ical sang putri | panggih Janthayu nèng wana | sinungan urmat patine | ika kang antuk utama | hèh manuk gundhul sira | sariramu mêmbut-mêmbut | lah payo patukên ingwang ||

23. Jêmbawan Anila sami | Anggada Marutasuta | samya mangkana ujare | hèh manuk mangsanên ingwang | bagya matia samya | marga saking sira manuk | parandene ngêlih sira ||

24. cucukana kabèh iki | yêkti sira nora lapa | yèn warêg kuwat lakune | cacad sira tan awèha | pati marang wak ingwang | lah age badhogên ingsun | urip tiwas ngur matia ||

25. wanara sawusnira ngling | Sêmpati lon saurira | hèh wanara wira kabèh | babo pagene ta sira | sotama tan rêringa | têka mampir ngarga Windu | gunung kaliwat durgama ||

26. rêgêde anglêliwati | wiwitan mèh ngayuh mega | iki pêngalapan gêdhe | apa tanpa kira-kira | melik akèh wowohan | lah mêngko sira tinêmu | padha nandhang dukacipta ||

27. sira wau angrasani | pêksi Janthayu utama | apan iku kadang ingong | Si Janthayu kang taruna | ingsun ingkang atuwa | Si Sêmpati namaningsun | lêga tyase wre duk myarsa ||

28. hèh Sêmpati ulun iki | dutane Ramawijaya | mring Ngalêngka

--- 133 ---

karyaningong | amariksa Dèwi Sinta | pijêr lawas nèng marga | dadi tiwasing lumaku | marmane suka matia ||

29. mujar prawira Sêmpati | hèh cacad ta sira padha | ngêndi ana kang mangkono | tiwase wong cinundaka | nalarên dèn sêmbada | aja nuli kudu-kudu | mrih pati tanpa karana ||

30. iya ingsun kang ngrewangi | angrojongi lakunira | ajana putungan atèn | ngidul bênêr iki marga | ingkang maring Ngalêngka | têngêrana ana gunung | padha lan ing Maliawan ||

31. asri luhure pan sami | ingkang sinungan omah mas | gunung iku ing pucuke | yaiku nagri Ngalêngka | saking doh katingalan | omah mas gumêbyar murub | kang anèng pucuk ngaldaka ||

32. iku pêlêngên dèn eling | kang minôngka panêngêran | saking doh katon urube | timbang lan Endrabawana | srining pura Ngalêngka | lah payo mangkata gupuh | kabèh wre padha ngadhêga ||

33. antuk sabdane Sêmpati | wadya wanara sadaya | mulya mala citrakane | Sêmpati sru poma-poma | lah iya lokapala | omah mas saluhur gunung | pan iku dewa kang karya ||

34. Bathara Wisrawanèki | kaprabone Daniswara | kasor ing nguni yudane | kalawan Sri Dasamuka | pinundhut [pi...]

--- 134 ---

[...nundhut] marang swarga | basmi jagad sadaya wus | makêtêr ring Si Rahwana ||

35. nanging ta iku sayêkti | besuk sirna dening sira | Ramawijaya pasthine | kang matèni Dasamuka | marmane dèn aenggal | dadèkna lakunirèku | lah uwis padha mangkata ||

36. kunêng wuwuse Sêmpati | suka kang bala wanara | nora sangsaya budhale | wus prapta kadiranira | nulya ana prabata | sakiduling wukir Windu | nênggih kang ardi Maendra ||

37. hèh wowohan dèn ampiri | tuwuk sagunge wanara | nulya katon samodrane | wus parêk lawan Ngalêngka | akèh kang ombak bangkat | anêmpuh sukuning gunung | agung swaranya gurnita ||

38. langkung asri srining wukir | Maendra apan sarwana | suka wanara sakèhe | samya mêdhun ing samodra | suka mêng-amêng samya | nèng têpining samodra gung | anon iwak ing samodra ||

39. akèh warnane jaladri | ana iwak wre malumpat | wre mulat angêkêl kabèh | mangkana Radèn Anggada | angling marang Anoman | lah ing kene bae ingsun | anganti ing lakunira ||

40. sira lajua dèn aglis | manjing kutha ing Ngalêngka | Anoman sira nulyage | mêsat anapak gêgana | ngidul bênêr

--- 135 ---

lampahnya | kadya garudha maniyup | gumilap andiwangkara ||

41. tuhu mukyaning dutadi | wasistha utamèng awan | Anjanisuta solahe | mênggêp anapak gêgana | mangkana cinarita | wontên wawêrining diyu | mamôngsa ulam samodra ||

42. awasta pun Tathêkini | sarira kadya prabata | cangkêm lir guwa malompong | tumingal ana kumlebat | sinandêr wus dèn untal | ingulu wus praptèng wadhuk | Anoman mêre ibêkan ||

43. sarwi jêroan pinuntir | rinêmêd-rêmêd tyasira | Tathêkini gêro-gêro | ngolang-ngaling kupingira | kêri angrungu swara | mêkar tiwikramanipuntriwikramanipun. | Anoman anjêjêk iga ||

44. dhuwak sêbit Tathêkini | kadya gorane prahara | tibèng jaladri wangkene | sirna kinarubut ngulam | Tathêkini pêjahnya | sigra lajêng lampahipun | Anoman ningali arga ||

45. munggwèng madyaning jaladri | nênggih pulo Maenaka | akathah palakirnane | wau ta salangkungira | Radèn Anjanisuta | gunung Maenaka nguwuh | Anoman sira mampira ||

46. ana ta sugata mami | jambu jambe jêruk jirak | nanas nôngka wuni wunglon | mêngko yèn sidhêm lajua | kene ngayêm-ayêma | prayoga

--- 136 ---

dènira ngaub | aring angrungu brêmara ||

47. lan mêmangana sirèki | isining gunung ManekaMenaka. | sakarsanta ana kabèh | Anoman kagyèt miyarsa | gunung aswara janma | pinaran wus praptèng gunung | gunung maksih swaranira ||

48. liwat suka sun ningali | hèh Anoman maring sira | dènnya nglakoni karyane | Bathara Ramawijaya | nayakèng jagad traya | ingsun iki milu urun | angurmati lakunira ||

49. hèh wruhanira Maruti | iya Ngalêngkadirêja | anglimput kaluputane | Rahwana duskartaningrat | arubiru ruhara | salawase nguwus-uwus | tan ana kang ananggulang ||

50. bok pinarêng sira iki | mêntas angadoni pancas | amung gustimu tandhinge | Bathara Ramawijaya | nyirnakkên gêlah-gêlah | binalanga gagang suruh | bae gêmpuran Ngalêngka ||

51. bêja têmên sira iki | milu manjing ing prakara | pasamuan luwih gêdhe | kalawan luwih utama | ing rèh Bathara Rama | pan sinêksèn ing lakumu | dening Hyang Sukma Kawêkas ||

52. Anoman ngungun miyarsi | sarwi anadhah wowohan | ya gunung dèn akèh-akèh | pangèstunira maringwang | ingsun liwat tarima | ing sakèhe sugatamu | pan wus misra kalampahan ||

53. wus kantuna [ka...]

--- 137 ---

[...ntuna] sira wukir | sun mangkat marang Ngalêngka | pan wus lawas lakuningong | bok dadi pangarsa-arsa | sawadine praptaa | ing Ngalêngka lampah ingsun | saksana Radèn Anoman ||

22. Sinom

1. mumbul angayuh gêgana | sira Ramadayapati | ana ditya gung cangkrama | namane Wikathaksini | panjang astanirèki | badhog iwak sukanipun | mina sining samodra | buta gogo sabên ari | mulat lamun gêgana ana kumlebat ||

2. sinandêr sêdya minôngsa | kumudu-kudu sumêkti | cinandhak nulya dèn untal | duk praptèng gulu Maruti | ditya Wikathaksini | kalêlêgên anèng gulu | malêlêng pucicilan | ingêlêd-êlêd tan kêni | Dyan Marutasuta anyudhat kanaka ||

3. suwak anulya dinugang | rêmêk angganira sêbit | gurunge sinaut pêgat | pêjahe Wikathaksini | Marutasuta aglis | mêsat angayuh mêndhuwur | langkung saking samodra | wus praptèng Suwela giri | lampahira Rahadèn Bayutênaya ||

4. amanggih ditya lêledhang | nyalimpêt sira Maruti | kyèh buta dangu tan pêgat | ajibêg awira-wiri | sêdya ngantosi wêngi | Anoman ing lêbêtipun | èngêt pitungkas ika | duk ngancik Suwela giri | nulya manggih [mang...]

--- 138 ---

[...gih] kali angubêngi arga ||

5. purastha ing guruloka | cinithak rineka sami | luhure punang gapura | mubyar sinungan hèr gêni | ana sawaluh kênthi | kadya baskara tumurun | bêbahoning gapura | sinung mirah sapuh jênggi | rêbat praba gêbyare sasmitèng jagad ||

6. lajêng Sang Pawanasuta | ningali margi kapering | tinitik ana gapura | rinênggèng salaka putih | kabèh banone putih | putih lan sêrasahipun | gapura pinarapat | ing pucak mutyara putih | pan pinènèk Anoman pangintipira ||

7. ing jêro kathah rêksasa | pirang-pirang gon dupagni | gêdhonge luhur ajêmbar | wêlinge Sugriwa nguni | barang gon kinèn ngintip | anjêjêp pratelanipun | isining gêdhong pêthak | samya rêksasa sêmadi | pan akathah solahe buta mêmuja ||

8. ana dhêlak adhêdhangkak | ana jungkir muntar-mantir | ana asidua dawa | ana jêngking milang-miling | manglung ngiling-ilingi | dupa marab-marab murub | samya gundhul manthilas | ana tumênga mragigih | gêdhong iku ênggone buta pandhita ||

9. amasang aji kêmayan | pangapêsing maling sêkti | anglarut bayuning mêngsah | yèn ana madyaning jurit | masang budayan sami | mungsuh mara-mara rubuh |

--- 139 ---

ajana kongsi bisa | nyêkêl gêgamaning jurit | ginêtak kang mungsuh tiba galundhungan ||

10. mangkana pangejanira | para nujuming rasaksi | kabèh buta papradikan | tan ana sinungan sami | amèt môngsa pribadi | pinanci sasukanipun | saking Sri Dasamuka | sêbarang wus dèn saosi | buta jagul kang jaga sèwu sadina ||

11. gêdhong kapering gènira | kang saos angrêratêngi | kulub-kuluban bêkakak | gêcok gudhang wus miranti | yèn wus mêmuja sami | nuli goyang gênthanipun | sagung saosan prapta | buta kang samya ngladèni | mara dhingkul tan ana ingkang tumênga ||

12. yèn lêladène wus tata | pandhitane badhog nuli | danawa jagul sadaya | samya mêrêm tan ningali | yèn wus dènira bukti | ginêdhog wêwadhahipun | mêlèk anglorod samya | undure andingkik-dingkik | mèsêm mulat kang ngintip Radèn Anoman ||

13. mêrpêki pangintipira | maring gèn sapetak malih | buta tarab tata lênggah | marik-marik mangku dhingklik | samya ngiling-ilingi | kitab calumpring pring pêtung | katon mangsine abang | gêtih sato kang kinardi | kang ingucap wusing pati nêmu swarga ||

14. kayangan akèh wowohan | kang akèh santosa wêrdi | swarga kang katêmu

--- 140 ---

dadya | nora nganggo nênanduri | sastrane kèh pradongdi | poyok-pinoyok apadu | padha ngugêmi samya | ing sastranira pribadi | kadrawasan têmahan lajêng atukar ||

15. rame pisuh-pinisuhan | nanging kutuge tan mati | anglandêng api padupan | pinisah kancane sami | mèsêm Radèn Maruti | wangsul wus praptèng marga gung | lajêng ing lampahira | ana tarub pinggir margi | pan gumêrah ênggène buta bêrduwak ||

16. sarwi bêkta bêbadhogan | badhèg wêwadhahe guci | samya asandhing badhama | sangu kulub urab gêtih | gêtihing sênuk sami | ingurab kêlawan wuduk | wus wuru kiprah-kiprah | badhama kinarya undhi | sumbar-sumbar acara caraning aprang ||

17. satêngah danawa drêmba | sakawah têlas pribadi | kawuron galundhung rêbah | pan sarwi angrangkul guci | kancane nyiram gêtih | sinawur lan kilangipun | satêngah kang rêksasa | tuwêk tinarik sumandhing | wusnya wuru bêksa tuwêk ngundha gada ||

18. sawênèh ana rêksasa | punggawa taruna sêkti | mamêng-amêng ring gêgana | wimana titihanèki | akèh solah ing ratri | rêksasa sêsaba dalu | ana kang lagi têdhak | saking gêgana kèh ngiring | bupatine ika nitih ing ratabra ||

19. sira Radèn Bayusuta | punggawa

--- 141 ---

iku dèn intip | sapraptane dhangkanira | ing nguni boyong pawèstri | kalaning mênang jurit | umiring rêksasa prabu | wau sapraptanira | mamêng-amêng ring wiyati | amarani gone kênya bêboyongan ||

20. ingajak manginum samya | èstri iku tan nuruti | saking sêdhihe kang manah | dènnya pisah yayah bibi | nulya ingarih-arih | ingajak cumbana sampun | Pawanasuta mulat | sumêdhot ing tyasirèki | karasèng tyas gustine Ramawijaya ||

21. ciptane Radèn Anoman | mangkene tingkahe ugi | gustiku anandhang brôngta | luhnya drês sira Maruti | mundur ngalih pangintip | ana rêksasa angidung | arum swarane mêmbat | Anoman mèsêm miyarsi | ya ta luwar dukaciplèngdukaciptèng. gustinira ||

22. sigra manjing jroning pura | Anoman ing pukul siji | kêtanggêl wêtuning wulan | Anoman munggah ing wukir | wukir sajroning puri | samadyaning sètu-sètu | ngayuh Anoman minggah | wêngkone praja kaèksi | akèh katon gêdhong-gêdhong jroning pura ||

23. ana sagaran gêng wetan | ngujwala toyanirèki | gêdhong-gêdhonge maju pat | sabên kang gêdhong satunggil | sinungan êjam sami | sagaran amawa alun | tinarik lan paekan | tan [ta...]

--- 142 ---

[...n] pêgat swaranirèki | pinrih barung lawan swaraning kang êjam ||

24. ana pêpetakan wana | gêdhonge luhur ngungkuli | wawêngkon wiwaranira | isine sato mêpêki | ewon dipangganèki | singa warak lan andanu | andaka tan petungan | ana kang sapetak malih | iya ana gêdhonge têngah gènira ||

25. isine têngah talaga | ing pêpinggire ngubêngi | ingkang pratima kancana | rineka buta sêpalih | sêpalihe winarni | jawata mangkat anglurug | sinung kapraboning prang | limpung badhama magandhi | ana gada langkap parasu côndrasa ||

26. kadya prang arêbut toya | jawata lawan rasêksi | padha diranya macakra | makunta gada magandhi | ana ta gêdhong malih | nanging minêp lawangipun | ana banaspatinya | mas abang ingkang kinardi | netranira mirah nila lan mutyara ||

27. kadya sumusul tumulya | milu rêbutan martèki | têmpur netraning jawata | miwah netraning rasêksi | ingkang kinarya sami | jomantên intên jumêrut | dadya asarawungan | kadya baskara sêsiring | tinon kadya sor rêsmining guladrawa ||

23. Dhandhanggula

1. langkung asri busananing puri | ing Ngalêngka kancana sadaya | gêdhong-gêdhong lan pagêre | miwah gapuranipun | jroning

--- 143 ---

pura awarni-warni | gapura tan petungan | sadaya mas murub | wêwanan miwah sagaran | kêbon kêmbang-kêmbang lêt gapura sami | ewon gêdhong jro pura ||

2. sabên gêdhong êjam siji-siji | sabên gapura pucak mutyara | kumala nila widure | pakapaja mya jumêrut |Lebih satu suku kata: pakaja myang jumêrut. lumrah pagêr-pagêre akik | ijo wungu lan abang | seta miwah dadu | gapura ukir-ukiran | sawarnine gapura mring sari-sari | manik ingukir samya ||

3. anggarjita Radèn Dayapati | mulat gêdhong madyaning sagaran | samya mas uparênggane | baya kono gonipun | gustiningsun Putri Mantili | Anoman praptèng kana | tiningalan suwung | nora nana Dèwi Sinta | mulat malih kêbon kinubêng batakik | gapurasri rinêngga ||

4. ing sêsotya sampun dèn pêrpêki | tiningalan pan suwung kewala | amung rara ayu akèh | sami kênyaning diyu | pan gumêdêr amajang sasi | kesah saking ing kana | mring panggonan taru | tarune taru kanaka | langkung singup samya kinubêng batakik | murub ujwalaning mas ||

5. anèng têngah witana sawiji | witana rêtna saijab-ijab | busana sêsotya kabèh | isining samodra gugung. | wus pinutêr tan ana kari | rupaning iwak-iwak | winarnèng [winar...]

--- 144 ---

[...nèng] mas murub | lan ana naga kancana | angalêngkêr kadya lèrèn solahnèki | anèng pipi gapura ||

6. mring Anoman pinaranan prapti | pinariksa tan ana katingal | Putri Mantili prênahe | nulya malih kadulu | ana payung agung kaèksi | angungkuli kakaywan | miwah gapura gung | têgêse kang kayon êmas | kang pinindha payung pinarabot asri | sêsotya lan pakaja ||

7. lan ênggone têtunggangan sami | gajah rata turôngga andaka | pinartima ing mas kabèh | Anoman mara gupuh | datan ana Putri Mantili | ing kono akèh ditya | kang samya atungguk | Anoman sigra mêmindha | rupa ditya marmane tan dèn kawruhi | tutug sasolahira ||

8. mulat malih wangunan kapering | ana gêdhong kinubêng sakôndha | asri munggul gapurane | ênggon wimana agung | pinaranan ora kapanggih | ngubêngi kênya pura | sayah lumpatipun | ngunadika jroning nala | êndi silih ênggone gustiku iki | Putri Mantilidirja ||

9. mulat ana omah mas gêng asri | kinubêng ing pancak suji rancang | luwih saking wangun kabèh | murub ujalanipunujwalanipun. | malah kasor gêbyaring sasi | dene ta intên mulya | mirah agung-agung |

--- 145 ---

myang luwih gapuranira | kêmbang-kêmbang saking doh gandane sari | mara nanduki grana ||

10. lawan ewon ênggone pawèstri | endah datanpa wilangan |Kurang dua suku kata: endah-endah datanpa wilangan. abra murub sêsadone | banon kandêl abakuh | pan kancana sinilih-asih | tur sampun pinaryitnan | pandhusthaning satru | ananjak karti sampeka | panglêsune panah bayu kang nêkani | sandi pangendrajala ||

11. tanna kewran ing bêbaya prapti | wus sinaos pangulah durtama | panulak jêmparingêne | Anoman malpat gupuh | pagênthan gêng wus dèn ungkuli | andulu kang wimana | lir prabata luhur | gêngnya saardi Maendra | ujyalane sor surya sèwu matandhing | rêngrêng kang puspakabra ||

12. yèn krura lir Bathara Kala mrih | maberawa umangan-mangan rat | Anoman eram tingale | anjog paniyupipun | aningali Rahwana guling | kinubêng èstri samya | kênya èwu-èwu | Anoman manjing rumangkang | tiningalan parêk angiling-ilingi | kapati dènnya nendra ||

13. anglêgorong gumlêgêr swaraning | oswaning irung kadya maruta | lir randhu rubuh wêntise | êndhas katon sapuluh | kalih dasa bahu ngajrihi | komis angapurancang | obah dening irung | kadya kimbaning prabata | pangoroke [pa...]

--- 146 ---

[...ngoroke] anggurnita sindhung kosik | mêdêd dening pracondhang ||

14. kacaryan bêk Ramadayapati | marêpêki nèng ulon alênggah | pawèstri kyèh sirêp kabèh | wusnya dulu mring prabu | èstri samya dèn ling-ilingi | Dèwi Sinta tan ana | sêdhih tyasnya mèpu | waluya kawrehanira | kaku tyase dènnya ngubêngi jro puri | kang pinrih tan kapanggya ||

15. têlas jinajah sajroning puri | amung wruh ing rêngganing kadhatyan | sor Ngendraloka karyane | gung ning sotya ngênguwung | mèh rahina suwe ngubêngi | akèh rêksasa nganglang | Anoman anglalu | kawênangana rêksasa | bage sukur dèn sikara banjur jurit | rêrêmpon sêdyanira ||

16. lamun datan kapanggihèng ngriki | gustiningsun Sang Mantilidirja | sukur aprang anèng kene | kapanggiha deningsun | mindah sukanira ing mami | Gusti Ramawijaya | Anoman andulu | mega bang wetan sumirat | tabuh sapta yèn pukul Ngalêngka muni | nulyana wêwangunan ||

17. kidul wetan kadhaton kapering | anglangkungi wêwangunanira | lan sajroning pura kabèh | gapuranira munggul | sumarawang pucak hèr gêni | sapoh jênggi gêngira | mancurat ngênguwung | tinatirah ing pakaja | banon pandhak kang kinarya akik wilis | rêringgit rêrèjèng [rê...]

--- 147 ---

[...rèjèng] mas ||

18. mawi usus-usus mutyaradi | adu rapêt cinawi kanaka | gadhung malathi tejane | rông asta longkangipun | akik wilis mawi gêgapit | mirah bang kang kinarya | adêg-adêgipun | yèn tinon saking doh kadya | pangrasane kang mulat rinaja wardi | tur akik sinangsaya ||

19. dhasar wilis tinratap bang putih | akik mirah mutyara pinatar | ginônda marum manise | sinalimpêt jumêrut | sakaryane ngebat-ebati | ing jro isi omah mas | sinirap ngênguwung | kinubênging kêmbang-kêmbang | amarani jinêmbangan gêdhah rukmi | tinatrap nawa rêtna ||

20. ingkang munggwing ing jêmbangan wilis | sawarnine sêkar ingkang pêthak | sêdhêp malathi mênure | miwah argulo pingul | noja putih saruni putih | kang munggèng ing jêmbangan | putih sêkar wungu | taluki argulo noja | ingkang wungu kang munggèng jêmbangan abrit | sagung sêkar kang jênar ||

21. sêkar abang tumut anèng wilis | sêkar pita tumut munggèng seta | lan sagung kang wungu kabèh | dene sêkar binatur | bêbature salaka putih | winancakpinancak. suji rancang | kancana tinunjung | kalak pêpacar capaka | myang kanônga mangunêng lan nagasari | tanjung sinuji rancang ||

22. soka sawo angsana kamuning | capaka gondhok [go...]

--- 148 ---

[...ndhok] pucak rêjasa | botên binatur ênggène | banjêng ing wurinipun | sêkar jinêmbangan ing ngarsi | gambir puspa capaka | argulo bang dadu | wora-wari kapurônta | puspanyidra kanigara kacapiring | prikancu lan sikatan ||

23. pacar-pacir sri gadhing sulastri | mas kinikir rangkêp lawan lômba | purbanagara prabu sèt | patrakusuma ngayun | pacarwaripacarwarih. sêkar surabi | banjêng kumbala patra | mêmojog gènipun | noja seta wungu rêkta | dadu pita anjrah jinêmbangan sami | botrawi tarate bang ||

24. pacarcina dalima nyêlani | tunjung tutur lantatara warsa | wong arumpuk dadu sore | kang sêkar nganganandul | kiwa gène wuri kapering | tangèh yèn winuwusa | sri rêngganing wangun | nênggih taman Argasoka | kontap taman Batharendra wus kawuri | sri taman purèng Nglêngka ||

25. pan punika gène dyah di-adi | kinumpulkên taman Ngargasoka | kang olah gôndawida ngrèh | jêbad kasturi marum | kang ngluwihi wangi sabumi | anggiting Guruloka | tiniru katiru | tinitik saking jro cêtha | pakartine kaluwihan widadari | ratus kang paripurna ||

26. wau Radèn Ramadayapati | mulat ana wangunan kapisah | angusiangungsi. ngiwa sêdyane | mangke yèn dalu wangsul |

--- 149 ---

tan acipta lamun Sang Dèwi | Putri Mantilidirja | kinêbon ing ngriku | anèng taman Argasoka | pan akathah parèstri ingkang nênggani | miwah ditya prawira ||

27. kang nênggani ing Putri Mantili | Sang Anoman mènèk ing kakaywan | sêdya singêdan prênahe | kandhih dening kang manuk | kalong mibêr abola-bali | murugi manuk kathah | sêdhih tanpa turu | yèn wêngi malih anêdya | Sang Anoman wangsul marang pura malih | ngungsi rina kewala ||

28. angudhêmpêl ing pang kontang-kanting | dening maruta kaku tyasira | Anoman sigra angalèh | malumpat kayu-kayu | ngalih-ngalih ngiwa dènnya mrih | riwusnya tatas wetan | sêsêkaran alum | rusak wêtuning baskara | kadi-kadi belani Putri Mantili | kang luwih nandhang brôngta ||

29. ciptanira kusumèng Mantili | yèn èstua pisah lan Ragawa | mung anyipta pati bae | mati maturuna pyuh | miwah patrêm ingkang kaèksi | kèsthi sadina-dina | nora ketang kontung | tinuwêk ing Dasamuka | siyang dalu sang rêtna agung anangis | guling tansèng pratala ||

30. amiyarsa kusumèng Mantili | swaraning manuk andon wurahan | kadya pangêbang-êbange | kadi mangkana tuhu | pelingipun unining pêksi | hèh sampun ta sang

--- 150 ---

rêtna | nangis sabên dalu | Ramawijaya mèh prapta | wus kèndêla siyang apantara ratri | aja gung among brôngta ||

31. angin milir amawa mrik minging | kagyat wau sang rêtna rumaras | kêsar-kêsar grahitane | anyana gandanipun | ingkang raka mêcalang prapti | Risang Ramawijaya | gandane tumanduk | tanbuh-tanbuh solahira | ambungahkên ing manahira pribadi | kinôntha kanthinira ||

24. Kinanthi

1. dhuh dewa dhuh bathara gung | tingalana solah mami | sèwu lara sèwu brôngta | tan ana timbange mami | yèn pukulun tan panggiha | kalawan pangeran mami ||

2. banjutên pisan wak ingsun | aywa andêdawa wingit | gustiku satriya Rama- | wijaya tolihên mami | dasihta tanpa sarira | kêna ing wiyoga sêdhih ||

3. Anoman malumpat sampun | praptèng witing nagasari | mulat mangandhap katingal | wanodyayu kuru aking | gêlung rusak awor lêmah | ingkang iga-iga kèksi ||

4. pinandêng sarwi tumungkul | Anoman ngiling-ilingi | sarta mirsakkên karuna | sumêdhot tyasira nênggih | iya iki baya-baya | kusuma Putri Mantili ||

5. mêdhun ing pragak tumungkul | Anoman sarwi ningali | umingêtakên sêsambat | sangsaya inggil Hyang Rawi |

--- 151 ---

sakenjing gènnya karuna | kusuma Putri Mantili ||

6. rataring wisma mas murub | kunêng wau ta kang prapti | Prabu Rahwana digdaya | ngadêg ing ngarsa sang putri | alon dènira ngandika | dhuh babo ari Mantili ||

7. apa gunanta gêng nangkung | yayi maria makingkin | tambanana laraningwang | mung sira akarya sakit | cumanthèl pucuking netra | gumantung tungtunging ati ||

8. tanpa gawe sira masku | anggunga kumantil-kantil | marang Si Ramawijaya | tanpa ngrasa sira yayi | gung ginawa ina papa | nusup-nusup nèng wanadri ||

9. môngsa padhaa lan ingsun | ratu agung jayèng bumi | sapa ratu kaya ingwang | kang kasôngga dening bumi | kang kongkulan ing ngakasa | nadyan dewa padha wiwrin ||

10. Hyang Endra kabônda ringsun | makêtêr isining bumi | ing triloka wus kandhapan | apa gawe lara brangti | êla-êla nistha papa | amikir Si Dasarati ||

11. sang putri saengga gunung | tan obah tinêmpuh angin | gêng sêtya ing priyanira | tan cala mapaku wêsi | tan keguh praptèng antaka | tan arsa giwang ing kapti ||

12. wêngis pêdhês sauripun | enggal patènana mami | Dasamuka rêngu mewa | wusana amuwus malih | hèh babo Janakatmaja | apa sira ajap malih ||

13. apa [a...]

--- 152 ---

[...pa] tan sasar sirèku | nampika pakarti mami | dumèh rêksasa kruraya | sira tan arsaèng mami | lumuh marang ulah salah | tan angèl mangkana yayi ||

14. yèn Si Rama ariningsun | kaya-kaya mêmarèni | jêrku wus tuwuk mutyèngrat | warêg wibawa nèng bumi | kadya nuta pakartinta | prayitna madamèng sisip ||

15. matakut ing ulah luput | marmane yayi aywa gring | ilangna prihatin dahat | apa sira walang-ati | pan ingong jayèng bawana | sabarang rèhirèng mami ||

16. gulingèng omah mas murub | mamukti lan ingsun ari | apa tan atis mas ingwang | anggulingana ing siti | sarea ing jajaningwang | dèn eca ing sabên ratri ||

17. wasisan sarea masku | manjinga kêkulung ati | witning tan adoh lan ingwang | dadya sapakônta ari | miwah ta yayi tyasira | gadhuhêna ingsun gusti ||

18. turutên sawuwus ingsun | mung sira sun kaluluti | iya tan liya mung sira | rewang sapati saurip | ing donya praptèng dêlahan | mung ari rewang ngong mukti ||

19. apa ta karya gung wuyung | tolihên prabuku yayi | apa sakarsanirana | tan ana luput sawiji | kabèh sining Suralaya | pintanên udhuna gusti ||

20. tuntunên lan dewanipun | Endrane gawenên [gawe...]

--- 153 ---

[...nên] gusti | patunggu korimu dadya | Dasamuka riwusnya ngling | sang rêtna sumaur sugal | tanpanon rat idhêpnèki ||

21. mung Ramawijaya ketung | tan mingkêt praptaèng pati | hèh Dasamuka ta sira | angaku prawirèng bumi | sira dig liwat durjana | gêlah-gêlah ing sabumi ||

22. angaku prawira tuhu | dene ko anyidrèng mami | anungkul satriya Rama | noradu arêp sirèki | iku tandhamu durjana | mèt kang duwe tan udani ||

23. pêsthi yèn potong gulumu | Ramawijaya sinêkti | putusing rèh parikrama | jajalên papagna nguni | yèn ora bangkemu basah | sira tinigas jêmparing ||

24. ngungsièng sagara gunung | yèn pangeranku mênangi | tangguh angadoni laga | yèn kang duwe wun ngêmasi | rame prang padha satmata | binoyong iku prajurit ||

25. lakumu iku nistha dur | dudu kramaning narpati | murka candhala kewala | buta rêrêgêding bumi | ngaku prabu wirotama | ratu dig kêna ing sarik ||

26. wong apa ingkang anyêbut | prabutama ing sirèki | yèn sira mapaga rèng prang | Ramawijayèng wanadri | liwat saking gung apapa | iya ngungsi maring ngêndi ||

27. tan wurung pisah gêmbungmu | sang putri pêdhês dènnya ngling | Dasamuka lingsêm dahat | anarik côndrasa aglis |

--- 154 ---

Sinta liat iki apa | tiba ing gulumu mangkin ||

28. wau kang ngingkrang nèng kayu | tatas danguning miyarsi | têtela wus nora samar | Radèn Ramadayapati | mulat maring Dasamuka | mèh lali rèhing dutadi ||

29. ing nalikanira ngunus | ing côndrasa mèh dèn jlogi | saking paragak jinambak | tinubruk winawèng jurit | pinothol gulune pisan | èngêt pinôngka dutadi ||

30. Putri Mantili sru muwus | yèn sira nora matèni | maring ngong dudu narendra | dudu prawira sayêkti | lah payo sundêpên enggal | jêr sun lalu nora sudi ||

31. Dasamuka merang mundur | wil tigang atus tinuding | anggêgila Dèwi Sinta | samya narik limpung gandhi | badhama kunta myang cakra | tinarik anggêgirisi ||

32. Dèwi Trijatha angambul | wil tri atus dèn tudingi | hèh wil mangkono karyanta | anuruti uwa aji | wong angiwung poyang nungsang | sirèki arêp nuruti ||

33. dêlêngên bae êndhasmu | mêngko aku yèn abudi | mêksa-mêksa ambêk krura | sing uwa prabu jêr sisip | amêksa wong datan arsa | wil tri atus ting palêncing ||

34. mring Dèwi Trijatha takut | Anoman suka ningali | ulihira Dasamuka | wurung dènnya mêmatèni | miwah tigang atus ditya |

--- 155 ---

kang gêgila sampun mijil ||

25. Mijil

1. angandika Sang Putri Mantili | Trijatha nak ingong | aywa pisah sira sadinane | ingsun iki babo yèn tan panggih | lan pangeran mami | Ramawijaya nung ||

2. sun tuturi babo sira nini | jênênging wong wadon | iya laraningsun saking rajèng | satriya Rama buwang kamuktin | kang pinrih mrih luwih | parêk jawata gung ||

3. sira sutaning mardika tuwi | Gunawan kinaot | ya pagene sira wajar bae | Wibisana kasumbagèng bumi | ing rèh kramaniti | Trijatha anuhun ||

4. sun wartani laraningong nini | kinarya lêlakon | pinisahakên dening mangsane | sih-sinihan sinarèng ing Widi | tan tulus karonsih | lunga jiwaningsun ||

5. tan karasèng laraning wanadri | duk maksih karongron | sanggon-ênggon ramanira kuwe | Ramawijaya gung sabên ratri | gunêm sastraniti | lawan pandhita gung ||

6. sastra cêtha parikramèng wangsit | utamane kang wong | dadi nora nana pangêlihe | mêngko iki pinisahkên mami | lan kalulut mami | lêhêng matia wus ||

7. kabèh isining taman puniki | wèh lara maringong | tur pinunjul taman Soka kiye | wisma mas tur rinênggèng sotyadi | prandene wak mami | enak nèng

--- 156 ---

wana gung ||

8. kêmbang-kêmbang kabèh amêpêki | adi kang kêkayon | iya kaya kunjara rasane | barang katon kang karungwèng mami | anyênyêndhal ati | mêmêdhot jêjantung ||

9. sarirèngong sayah dening kingkin | dènnya gêng wirangrong | mati bae ciptaningsun kiye | yèn tan panggih lan pangeran mami | Ramawijaya glis | aywa wèt mangungkung ||

10. Rêtna Trijatha sigra amipis | sagung oyod-oyod | sulur-sulur babakan kelore | winoran candhana dènnya mipis | kinonyohkên aglis | marang sukunipun ||

11. sigra maring gêdhong yun sêmèdi | umangkat karongron | kang pininta jroning sêmadine | satriya Rama gène kang pasthi | lan têtêpe linggih | lan rahayunipun ||

12. sigra têdhak Ramadayapati | saundhak malangkrong | ngura-ura Anoman sêdyane | supaya ywa kagèt rajaputri | kang sinawung gêndhing | ing lêlakonipun ||

13. Bathara Rama duk nandhang wingit | mangun gêng wirangrong | kang kinarya jroning sasêndhone | panganggite Ramadayapati | winongwong jro kawi | agêng têmbangipun ||

14. duk samana durung ana mijil | pangkur miwah sinom | dhandhanggula durma lan kalanthe | gambuh magatruh maesa langit | durung ana lair |

--- 157 ---

kabèh têmbang kidung ||

15. panganggite Ramadayapati | sajroning sêsêndhon | têmbang têpikawuri wiwite | antuk limang pada nuli salin | têmbang sikarini | pitung pada sampun ||

16. sagung wanara kang pra dipati | utamèng pamaos | Kapi Saraba samya gurune | para wignya ing basa undhagi | dadya samya wasis | wanara gung-agung ||

17. panêmbange Rahadèn Maruti | kang sinawung lakon | mangke pinèt caritane bae | tinrapakên ing gêndhing pamijil | pan mangkana ugi | jroning sêndhonipun ||

18. dhuh gustiku Bathara Ramadi | anandhang wirangrong | sapisahe kalawan garwane | kusumèngrat putri ing Mantili | bêbaya gêng kingkin | kênèng lara gandrung ||

19. tanpanon rat idhêpe jêng gusti | mèh têmah salah ton | dènnya datan karuwan icale | ingkang garwa êmbuh ingkang ngambil | yayah gêmpur bumi | muput krodhanipun ||

20. malah sinayut dening kang rayi | sangêting salah ton | apan sampun dèn êmbat langkape | jagad ingkang arsa jinêmparing | pinrih sirna dadi | sakêpêl pinuluk ||

21. Radèn Truna Widagda nulya glis | nayut rèh kawuron | têmah lêjar kang raka galihe | jêngkar saking Dhandhaka wukir |Kurang satu suku kata: jêngkar saking Dhandhaka kang wukir. nêdya angulati | sarwi gandrung-gandrung ||

--- 158 ---

22. anggung karuna samargi-margi | malah netra karo | apulang rah mrêbangbang netrane | anggung rêbah ing samargi-margi | tan kobêr lumaris | mangu gandrung-gandrung ||

23. langkung sumpêg dènnya tanpa warti | garwane kang nyolong | pan wus konus rarasing driyane | amung kantun ngayam-ayam pati | ambelani sori | mênggah gandrung-gandrung ||

24. nulya manggih tilasing ajurit | sumrambah rah abyor | angot malih wong agung krodhane | ingkang rayi anggung anayuti | marma têmah lilih | anggung gandrung-gandrung ||

25. nulya lajêng alêlampah malih | tan adangu anon | ana manuk ngandhuruk agêdhe | suwiwine ilang kang sasisih | sigra dèn parani | sarwi gandrung-gandrung ||

26. krodha pêksi arsa jinêmparing | Janthayu lingnyalon | hèh wong agung aywa salah dalèh | ingsun iki pan ratuning pêksi | Janthayu ran mami | mêngko sun atutur ||

27. ingsun iki mêntas mangun jurit | lan rêksasa katong | Si Rahwana prang lan ingsun rame | kang andhustha mring Putri Mantili | marma sun labuhi | mati takêr marus ||

28. jêr Sang Prabu Dasarata uni | iku mitraningong | putri iki pan dadi mantune | wusnya têlas dènira tur warti | Janthayu ngêmasi | wong agung agandrung ||

29. sarwi angrangkul wangkening [wang...]

--- 159 ---

[...kening] pêksi | kaurmat kang layon | iku ana bolonge galihe | dening sampun karuwan kang warti | kang ngambil sang putri | yèn rêksasa prabu ||

30. wusnya mênêdi kunarpèng pêksi | lajêng lampahnyalon | wukir Rêksamuka ing jujuge | dènira mrih amêlêng sêmèdi | kapati brangta ring | gandrung amangunkung ||

31. tan adhahar miwah tan aguling | ôngga sawang layon | ngapêndul rah netrane kalihe | kang kacipta mung Putri Mantili | langkung kawlas-asih | onêng gandrung-gandrung ||

32. tan lyan saking ing Putri Mantili | sajroning wirangrong | kawêlantah kalalu larane | yayah kadya pêjah tanpa kanin | nuli lami-lami | ana wre kang rawuh ||

33. sêdhêng anèng Rêksamuka wukir | byatirèng wirangrong | pinondhongan dening ratuning wre | pinèt sraya tinandhing ajurit | lan wanara Bali | Ramawijaya wus ||

34. unggul ing prang wre Bali ngêmasi | dadya wre sang katong | Prabu Sugriwa kêna jangjine | yèn matia satrune angabdi | lan sawadyanèki | kyèh punggawanipun ||

35. bala wanara datanpa wilis | kadya samodra rob | kaèbêkan sawulan papane | akèh punggawa prawira sêkti | ampuh ing ajurit | gêgala gul-agul ||

36. wus angratu

--- 160 ---

Sugriwa Narpati | ring sang prawiranom | Maliawan ing mangkya ênggène | akêkirab wus umadêg baris | kang bala wre kadi | prahara gumuruh ||

37. sèwu yuta-yuta ping sakêthi | sawurda kirna rob | datan kêna winilis cacahe | pira-pira papan angêbêki | bala wre samya mrih | aglisa prang pupuh ||

38. dènnya sangêt awlas maring gusti | gêngirèng wirangrong | onêngira marang ing garwane | nanging krigan bala wre kang maksih | gilir rina wêngi | atimbun kang rawuh ||

39. Prabu Sugriwa sapati urip | ing prang nêdya popor | pan inganggêp bathara pasthine | Risang Ramawijaya pinundhi | arsa magut jurit | rumabasèng satru ||

40. ing Ngalêngka pinukul ngajurit | pinriha rêrêmpon | nanging lagya ngantosi dutane | kang ingutus mring Ngalêngka nagri | manggihi sang putri | wre sutaseta. mapingul ||

41. titi Radèn Ramadayapati | dènira sêsêndhon | apan arum arênyah swarane | kadya rinding-rinding sêgalaning | pringgêndani ngindi | sumrawang anguwung ||

42. samya kagèt sagung cèthining wil | gumrubyug nanonton | ika apa mangkana rupane | mangkruk-mangkruk anèng pang aputih | swarane amanis | buron apa iku ||

43. ing Ngalêngka durung sun ningali | buron kang mêngkono |

--- 161 ---

nganggo jamang buntute anglawèr | akêkace sutra nganan ngeri | ewuh sun arani | apa iku munyuk ||

44. yèn munyuka munyuk ing wanadri | nora nganggo-anggo | ngenak-enak si jênat solahe | mara-mara sêsêndhona malih | lagi tumon iki | ana kêthèk ngidung ||

45. wau rajaputri duk miyarsi | luhira drês miyos | kapiyarsa solahe kakunge | nanging grahitane sônggarunggi | anarka yèn sandi | baya akalipun ||

46. Si Dasamuka mêmalih warni | mrih lêjar tyas ingong | iya liwat dora sêngarane | ngêndi dalane praptaèng ngriki | yaiku sayêkti | Si Dasamuka dur ||

47. dangu pangunadika sang putri | Anoman sigranjog | pan anjongok ing ngarsa gêdhonge | dènnya badhe sêmèdi sang putri | myang Trijatha Dèwi | mulat sru gumuyu ||

48. buron apa kang mangkene iki | rupane mangkono | dene mêmplak tur dawa buntute | Putri Mantili ngandikèng galih | asêmbawa iki | ngakua ingutus ||

49. sêdhêng ingsun cinidra ing nguni | mring Rahwana Katong | angliwati ing sagara gêdhe | liyan garudha kalawan angin | mung iku kang prapti | mung wêtaraningsun ||

50. miwah alase kagiri-giri | jurang-jurang sigrong |

--- 162 ---

pirabara bisaa mêrene | nora duga yèn duta mring mami | dadya wuwuh sêdhih | pêtêng ing tyasipun ||

51. sigra mangsah Radèn Dayapati | majêng awotsinom | hèh gustiku sampun salah dalèh | pan kawula punika sayêkti | duta saking gusti | kang anggung mangunkung ||

52. tansah onêng ing paduka gusti | gène sang wiranom | Maliawan siniwèng bala wre | tan petungan kyèh prawira sêkti | Rêksamuka wukir | Malyawan kang kidul ||

53. saking Maendra lèripun kêdhik | Malyawan makuwon | pan kèbêkan dene kang bala wre | môngka mitranipun raka dèwi | ratuning wre sêkti | sugih punggawa gung ||

54. Sang Narendra Sugriwa linuwih | ulun kang kinongkon | amariksa paduka maksihe | nuli Gusti Ramawijayèki | sung pratandhèng mami | pan sêsupenipun ||

55. sêsotyadi kang munggèng jêjênthik | bilih pinaido | lah punika ta gusti warnine | saking raka paduka kang singsim | Sang Putri Mantili | tumingal kumêpyur ||

56. kadya runtuh tyase tibèng siti | duk wau tumonton | dene yêktine ingkang sêsupe | tinanggapan luhira drês mijil | pinasang jariji | manis ênggènipun ||

57. pinasanga samining jêjênthik | yêkti sangêt logro |

--- 163 ---

nèng dariji manis parandene | maksih logro Anoman ningali | langkung wlasing gusti | dènnya sangêt kuru ||

58. dene sampun ngawruhi pribadi | ing rèh sang lir sinom | duk pinaran ing Dasamukane | nora keguh gêng trêsna ing laki | dèn palaur mati | sayêkti pinunjul ||

59. nora larang rinêbut ing jurit | rinewang rêrêmpon | lamun putri abobot antêpe | nêmbah matur Ramadayapati | lêbêt kula gusti | inggih wau dalu ||

60. pan sadalu kawula sak-asik | sajroning kêdhaton | angupados paduka nak anggèr | datan wontên salêbêting puri | mung kathah pawèstri | pirang-pirang èwu ||

61. kang kinôntha-kôntha widadari | samyayu nom-anom | ditya kêmit jibêg sagèn-gène | ulun sayah mèh rintên mariki | mung anêdya ngungsi | mangke dalu wangsul ||

62. tan andipe yèn gusti nèng ngriki | dene kiwa adoh | nuju ulun mêningi praptane | Dasamuka kasmaran mrih rêsmi | yèn puruna gusti | angladosi lulut ||

63. yêkti wangsul kawula sing ngriki | lampah tantuk don |Kurang satu suku kata: lampah tan antuk don. tuwas sayah lampah tanpa gawe | sarêng paduka lumuh sayêkti | tan angeman pati | lampah kawulantuk ||

64. yêkti sida [si...]

--- 164 ---

[...da] wong agung ngadoni | prang rame rêrêmpon | Dasamuka duk ngunus tuwêke | mèh sakêdhik ajêng kula jlogi | mrih umangsah jurit | popor takêr marus ||

65. emut ingutus dhatêng ing gusti | amurung lêlakon | parandene yèn èstua tyase | mêmatèni dhatêng ing jêng gusti | tan wande kula glis | nubruk saking pungkur ||

26. Pangkur

1. kawula datan sarônta | mulat Dasamuka ing tyas anggêni | dene karya lara gandrung | dhatêng gusti kawula | mila têmah kapirangu gandrung-gandrung | panggawene Si Rahwana | andhustha ring rajaputri ||

2. tan sagêd kawula miyat | ing sangête onêngira jêng gusti | saparane gandrung-gandrung | kuru ingkang sarira | tan adhahar pijêr gandrung kapirangu | Anoman dènira ngucap | ngisis siyung gikitgigit. lathi ||

3. gusti dèrèng siram-siram | kang sinandhang amung kuliting èsthi | jroning gandrung kapirangu | wong agung punaginya | besuk nyandhang jêjarit yèn mari gandrung | apan ubayaning driya | yèn panggih Putri Mantili ||

4. lir sasôngka kawadaka | ing baskara rêsake kangjêng gusti | dènnya sangêt among gandrung | dalu pantara siyang | tan amêndha kapirangu gandrung-gandrung | Si Dasamuka kaliwat | karya rujit tyasing gusti ||

--- 165 ---

5. sang rêtna duk amiyarsa | ing ature wau Radèn Maruti | cumêkik barêbêl kang luh | sumaput tingalira | tyase kadi rinarêmêd ajur mumur | kasok rantasing wardaya | dening wlasira miyarsi ||

6. rayi paduka Lêksmana | langkung ngajêng-ajêng dadosing jurit | age têmpuha lan satru | Si Rahwana jurjanadurjana. | bala wre sadaya sami ngayun-ayun | aglise pitêmpuhing prang | anggêmpura ing ajurit ||

7. dènnya kamiwêlas mulat | ing gêrahe jêng gusti angranuhi | gêng asmara gandrung-gandrung | mung paduka kacipta | tanpa sare kapirangu gandrung-gandrung | padma kesisan salaga | sinangsayèng jalanidi ||

8. mila mangkyatur kawula | sampun-sampun datanpa trêsnèng urip | rêksanên yuswa pukulun | aran sampun kantênan | lamun raka paduka sami rahayu | tan wande nagri Ngalêngka | ing têmah samodra gêtih ||

9. gêrgêting bala wanara | pra dipati nêdya ngêbyuki pati | arok bônda takêr marus | lawan Rahwana dhustha | saha bala kang sakêthi yuta langkung | sawurda sakirna yuta | mrih pati ngarsaning gusti ||

10. mila ing cipta kawula | datan wande Rahwana nyaur pati | dene agung dosanipun | nyidra paduka rêtna | sigra Putri Mantili ngandika arum | hèh Anoman [Ano...]

--- 166 ---

[...man] tuhu sira | dutadi wirotamadi ||

11. tama kartining sampeka | ingsun liwat suka mirsa sirèki | kabèh-kabèh ta wartamu | usada mêndha brôngta | lah ta ênya iki aturna gustimu | cundhamanik kancing rema | pratôndha yèn saking mami ||

12. lawan surat ingsun turna | cihnaningong monang ngunang gêng brangti | dene cundhamanik iku | sasat ingsun manêmbah | lan turana gustimu aywa gung wuyung | suka anadhah-nadhaha | lan sagung bala prajurit ||

13. sêrat sampun tinampanan | wus binêkta kalawan cundhamanik | Anoman amit wotsantun | mêsat saking ngarsanya | Dèwi Sinta Anoman suka kalangkung | dènira wus panggih lawan | kusuma Putri Mantili ||

14. amrih utamaning lampah | amrih ojat nêpsune dèn turuti | nêdya karya prang pêpucuk | malumpat ing kakaywan | ngobrak-abrik sinêmpal-sêmpal kang kayu | witnya jinêjêg rug rêbah | kêmbangan dèn orak-arik ||

15. sêmpal papal kaparapal | kêmbang-kêmbang lir udan tibèng siti | malêdug mawur katawur | sumyar abyar sumêbar | pêtêng dhêdhêt sumêmbur lir udan lesus | pamombak mumbuk balasah | Anoman krodha mawêrdi ||

16. gêmpur taman Argasoka | Sang Anoman [A...]

--- 167 ---

[...noman] mêre anggêgirisi | buta kang tunggu lumayu | kagyat katrajang kidang | abusêkan manuk-manuke bêr kabur | burone mawur sasaran | dityane praptèng jro puri ||

17. ing ngarsanira Rahwana | ditya matur pukulun narapati | taman Soka risak gêmpur | wontên palwaga pêthak | rumabasèng sakathahing kayu-kayu | kêmbang-kêmbang kang rinusak | ginêmpur dèn obrak-abrik ||

18. langkung wêgik kang wanara | mawa bajra mulêk ing taman sari | mila rug rêbah barubuh | dening palwaga pêthak | Dasamuka bramatyanira kalangkung | angatag prajuritira | sakapraboning ajurit ||

19. taman Soka na wanara | patènana siji angrêrusuhi | mangkat buta satus èwu | gumêrah ting jalimprak | singa nabda ambêkta parasu limpung | macakra kunta badhama | rumêbut palwaga putih ||

20. gumuruh suraking ditya | kadi gora prahara angêbêki | Anoman upaminipun | kang jaladri sudira | kinarubut ginusah ngalor angidul | tinarka buron kewala | tan wruh yèn ambêbayani ||

21. Anoman malumpat sigra | anyêmpal pang sinawatakên aglis | ditya kang samya ngarubut | mêmalu limpung kunta | amarasu pinapag sawat kawangsul | ditya

--- 168 ---

kang kênèng sêsawat | kèh kêna bahu manguwir ||

22. ana kang kayu candhana | gêngnya sakol panjang lurus agilig | dinaut kinarya palu | ditya kèh mati timpal | kèh karingkêl danawa gung rêmak rêmpu | kang pêcah sirahnya parah | mêngkab lor wetan nangkêbi ||

23. ditya kèh pinala rêbah | anggêlasah kang kidul angêbyuki | pinalu kèh kapalupuh | kêna bahune sêmpal | Sang Anoman sangsaya krura mangiwut | angiwa nêngên mêmêjah | amêre malumpat ngêrik ||

24. kang kilèn amangsah panggah | ditya diyu ngarubut angêbyuki | mangsah parasu malimpung | wangsul datan katampan | Sang Anoman malu ring wil akèh rêmuk | gulimpang rêbah kaparah | kèh malopor utêk mili ||

25. miwah rêmêk iga gugrag | kèh rumangkang pukang manguwir-uwir | kasampar limpar kasurung | ana wêtêngnya dhuwak | jaja suwak ngowak-owak buta kawuk | tan kawawa kèh kaplajar | kapapas pating karêmpis ||

26. ana rêksasa duk prapta | awahana rata kalawan èsthi | wil wira parêng dènnyanduk | gumrah masinga nabda | mangêrubut Anoman miyat saya sru | butêng krura liwung mangkrak | wuh dawagêngipun jrihi ||

27. malumpat mring katimaha |

--- 169 ---

ditya samya ngamah-amah ngêbyuki | amalu-malu malimpung | ana ditya prawira | sigra bandhêm sakêbo gunging kang watu | tibèng jaja Sang Anoman | gumadhug datan ngundhili ||

28. datan karasèng Anoman | glis ngêjlogi pinalu êndhasnèki | karingkêl mati kapalu | balasah ting salayah | sêrati lan kusir pan sami lumayu | sapatine tuwanira | ana kang sami pêpulih ||

29. rêksasa nitih turôngga | anglêpasi sanjata tan ngundhili | dèn jlogi tinampyalampus | ana ingkang dinugang | anggêlasah kang kiwul-kiwul kawangsul | gajah rêbah gadhing pokah | kumba pêcah boncah-bancih ||

30. mobat-mabit Sang Anoman | tangan suku tan kewran mêmatèni | myang ikunira anêkuk | nêkêk anyêndhal dhadhal | giris mulat karine mati lumayu | pating balêsar sarsaran | ana matur ing sang aji ||

31. kang marêk praptèng ngayunan | matur nêmbah dhuh gusti sang narpati | balanta danawa diyu | rêksasa gung palastra | gêmpur ingkang kari mawur kawur-kawur | tan môngga-môngga puliha | amungsuh palwaga putih ||

32. Rahwana langkung bramatya | sigra ngatag ditya kang sura sêkti | kang tate aprang apagut | tunggul pikukuh ing prang | parêng tandang ditya gung mangkat gumuruh | sangkêp sakapraboning [saka...]

--- 170 ---

[...praboning] prang | kadya trunaning udadi ||

33. akên kang gêlap goraya | bala yaksa praptèng taman Soka glis | mangsah kang wil prawiranung | luhur kadya prabata | singa nabda tumamèng rok wetan kidul | lor kulon parêng mangrêmpak | gambira Sang Dayapati ||

34. sumahab parêng badhama | kang marasu malimpung gandhi piling | tan kewran panêmpuhipun | Radèn Bayutênaya | pinutêr kang saêtal wrêksa kadaut | mangsah mêmalandang ditya | kang kêna kèh angêmasi ||

35. danawa saya gung prapta | mangabèi nirbaya ing ajurit | kèh sêmpal bahune rampung | rampas janggane pagas | samya kêkês gumêtêr kênyaning diyu | de bangke susun atumpang | rumaras Putri Mantili ||

36. manawa Anoman pêjah | samya inêb gêdhong kang danawèstri | ditya kang agung kabujung | giris samya sasaran | kang kacandhak wurahan gêrêng angadhuh | katur ing Sang Dasamuka | wre sêkti kondur ing jurit ||