Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 27-39)

Katalog:Rama, Yasadipura I, 1923, #832
Sambung:
1.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 01-13). Bahasa dan Budaya | Wayang #1090.
2.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 14-26). Bahasa dan Budaya | Wayang #1091.
3.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 27-39). Bahasa dan Budaya | Wayang #1092.
4.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 40-54). Bahasa dan Budaya | Wayang #1093.
5.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 55-74). Bahasa dan Budaya | Wayang #1094.
6.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 75-91). Bahasa dan Budaya | Wayang #1095.

27. Durma

1. sirna larut danawa samya sasaran | ingkang kacandhak kanin | rahnya bang balabar | Anoman dangu ngantya | mungsuhe tan ana prapti | sigra rinusak | isining taman sari ||

2. sirna gêmpang sakarine kang wus rêbah | jêmbangan dèn sepaki | kêmbang-kêmbang lumrang | tibèng [ti...]

--- 171 ---

[...bèng] rahnya danawa | kadya rêramêsan gêtih | wau rêksasa | kang lumajêng mring puri ||

3. praptèng ngarsa matur ing rêksasa dipa | yèn ditya tumpês tapis | kang kari sasaran | duka Prabu Rahwana | putranira kang tinuding | anjênêngana | ditya kang mangsah jurit ||

4. Radèn Saksa mangsah lan ditya prawira | ingkang wadana mantri | wil tanpa wilangan | gumrah umung gurnita | ruhara Ngalêngka puri | gurnang gong gubar | mawor lawan ditya ngrik ||

5. praptèng taman lampahira rajaputra | Saksa lan sawadyèki | lajêng mênthang laras | Saksa Dewa sêsumbar | o tuwaburu komaki | sigra lumêpas | sanjatarda côndra glis ||

6. tibèng jajanira suh pupug côndrasa | Anoman têdhak aglis | daut panggung nulya | Saksa pinalu pêcah | sirahnya sampun ngêmasi | balane bubar | wiwrin kagum anggêndring ||

7. kang kacandhak rêksasa kèh kasulayah | sira Sang Dayapati | lajêng mring sagaran | silulup dènnya siram | sayah danguning ajurit | wusnya mara dyan | wangsul mring taman malih ||

8. krura gusisakên saisining taman | parijatha wus ênting | têmah ara-ara | jro taman Argasoka | wau Sang Dasamukaji | miyarsa sira | putra Saksa ngêmasi ||

9. tan [ta...]

--- 172 ---

[...n] rêkasa tandange wanara seta | mêjahi ing putraji | bramatya yaksendra | sigra nimbali putra | kyating rat Radèn Indrajit | prapta sabala | miwah kaprabon jurit ||

10. praptèng ngarsaning rama Sri Dasamuka | hèh pagutên dèn aglis | monyèt asêmbawa | ngrabasèng taman Soka | ditya wus akèh kang mati | arimu Saksa | mati tan angundhili ||

11. wusnya matag risang rajaputrotama | nêmbah Radèn Indrajit | budhal saha bala | mring taman Argasoka | wuwusên Radèn Maruti | anèng ing taman | pojok kilèn dèn goni ||

12. ya ta wau Putri Mantilidirêja | langkung anahên wingit | ngêning sêmadinya | mêminta jroning puja | rahayua ing ajurit | dutaning raka | dene prang dudu tandhing ||

13. wre sawiji mungsuh ditya sanagara | Trijatha ngintip-intip | prapta atur sêmbah | ibu botên kajamak | polahing prang pun Maruti | awake mundhak | wontên sawukir siwi ||

14. pira-pira danawa gêmpur rinampas | kadya ngrêrawut pakis | ewon kang palastra | kadya jêjêk samôngka | dhupak êndhasing rasaksi | datanpa sesa | kumêproh ajur sami ||

15. kadya banting timun kang danawa rucah | nênggih kang balêbêgi | apan dede [de...]

--- 173 ---

[...de] ditya | ingkang adarbe swara | swaranira pun Maruti | ngêbêki jagad | sêsumbar ing ajurit ||

16. dene wau duk anèng ngarsaning uwa | cilik abêcag bêcik | mêngko malih warna | kaya gunung anakan | mung putihe ingkang maksih | kunêng winarna | wau Sang Dayapati ||

17. datan kèndêl ngobrak-abrik kang wangunan | panyiptanirèng galih | darapon sangêta | krodhane Dasamuka | marang ing taman pribadi | ngadoni bônda- | yuda kalawan mami ||

18. kapocoka murdane Si Dasamuka | kacangkinga ring mami | nuli ingsun gawa | gustiku Dèwi Sinta | mendah si trusthaning galih | gustiku Rama- | wijaya mari agring ||

19. tan antara balanira rajaputra | panganjuring prang prapti | ngêmput taman Soka | Indrajit munggèng rata | balane makêthi-kêthi | mayuta-yuta | gumuruh mangabèi ||

20. tan petungan kadya trunaning samodra | balanira Indrajit | umung kalasôngka | dwija trang kala-kala | ibêkan ing taman sari | swaraning ditya | prawiranya Indrajit ||

21. Sang Indrajit mangawe bala kèn piyak | mangsah ratanira glis | Anoman tumingal | praptane Meganônda | Anoman mapag marani | asru sêsumbar | ngawe marang Indrajit ||

22. lah dèn inggal [ingga...]

--- 174 ---

[...l] hèh dik kaladama dustha | gêlah-gêlah ing bumi | rêbutên ing aprang | iki Si Bayuputra | Ramawijaya sinêkti | kang duwe duta | ngadoni jayèng jurit ||

23. eling-eling kêthuhe nagri Ngalêngka | gustimu gawe brangti | marang ratuningwang | lah iya rasakêna | ingsun amalês sathithik | wong gawe susah | sun malês ing prihatin ||

24. sun balengkrah sun gêmpur pura Ngalêngka | sun gawe karang api | yèn ora nêmbaahmanêmbah. | sira mring ratuningwang | Indrajit mênthang sira glis | gandhewa dibya | lumêpas kang jêmparing ||

25. parêng lawan bala punggawa mêmanah | krura kang ditya mantri | Anoman sudira | asrêng gambira sura | lir jawah punang jêmparing | naraca bala | krêp tibèng Sang Maruti ||

26. tanpangêne tibane maring Anoman | sagung ingkang jêmparing | suh rêmuk nèng ngangga- | nira Sang Bayusuta | lir udan tibèng selardi | kalis kewala | tan ana miyatani ||

27. samya krodha Indrajit punggawanira | kang kadya bagaspati | asrang parêng mangsah | ngêmbuli Bayuputra | tan kewran sira Maruti | tumpês ing ngarsa | mangsah-mangsah kabalik ||

28. kadya sarpa sardula drêpa mamôngsa | tandange Sang Maruti | naut wuri ngarsa | kanan kering galasah | mangiwung butênging jurit | kagila-gila | yayah manggêmpur

--- 175 ---

bumi ||

29. Bayuputra sudira dibyèng ngalaga | malih pandautnya glis | pinandukkên ditya | sêdhih bala rêksasa | amupuh nora pakolih | pinupuh kêna | dhas pêcah bahu sêbit ||

30. ana ingkang bala ditya sagolongan | èwu makêthi-kêthi | samya angambara | umangsah saking wiyat | Anoman mirsa tumuli | ditya kang ngandhap | ingamuk kèh ngêmasi ||

31. ting balêsar nulya ditya kang ngêmbara | nututi mêdhun sami | Anoman umêsat | acukat kadi kilat | rikat kêsit kadi thathit | danawa sayah | gêmbelo bola-bali ||

32. wil tumênga winuwung ing palu papal | kang kêna kèh ngêmasi | ngrampêt parijatha | pinupuhakên sigra | ting galêmbor buta kanin | anggêro rêbah | pinurug ngrandhu gêndring ||

33. kèh palastra Indrajit punggawanira | dityalit sirna gusis | kawus masasaran | sakarine kang pêjah | kang ngayap Radèn Indrajit | tumpês sadaya | butane magêrsari ||

34. muntab krodha butêng Arya Meganônda | mangsah ratanya gumrit | amênthang langkapnya | lumêpas kang trisula | Anoman datan gumingsir | tiniban panah | pupug tan angênèni ||

35. sigra Radèn Ramadayapati mangsah | ratanira Indrajit | pangiride singa |

--- 176 ---

yaksa nubruk Anoman | malumpat sarwi nglumpati | pangirid rata | tinuwêk kanaka glis ||

36. pêjah pangiriding rata singayaksa | Indrajit duk ningali | langkung kagawokan | iku ing saban-saban | tate matèni prajurit | kèh satru sirna | ing mangke angêmasi ||

37. tanpa sesa cinawuking Bayusuta | sigra amundhut malih | pangirid kuwasa | ditya bantu kèh prapta | wil prawira ingkang prapti | andêl Ngalêngka | bupati sura sêkti ||

38. sigra pasang rakit gêlare sakatha | byuhanira wus dadi | prajurit prawira | rêksasa munggèng ngarsa | gumuruh parêng ngêmbuli | sangkêping gêlar | anggro mangrêbut aglis ||

39. Rajaputra Indrajit mênthang langkapnya | sanjata kang linuwih | kang anggêmpur dewa | duk aprang nèng sawarga | Endra katiban kapilis | mangkya kinarya | nanjata ring Maruti ||

40. kêna pupunira têrus kang sanjata | tumancêp tan tinarik | jêmparing tumanggah | kinèndêlkên kewala | sigra Indrajit nusuli | sanjata naga | anggubêt ing Maruti ||

41. ula satal gêngira panjange muwah | bêbêd badanirèki | anggapit sadaya | ngringkus lan bahunira | Anoman aniba ririh | ana pamrihnya | mila tan krura malih ||

42. arêp amrih parêka sapocapana |

--- 177 ---

lawas sang wil narpati | wau satibanya | gumrah bala rêksasa | ting jalimprak anyêkêli | gumrah kang surak | umung manêngkêr langit ||

43. sêsêk jêjêl angrubung Sang Bayuputra | ana kang mrêp mapiling | samya ngamah-amah | tutug sapolah-polah | Anoman tan ngrasa sakit | pinalu miwah | dinugang dèn bithèni ||

44. kadya wêsi Anoman pinupuh timah | tan obah datan osik | hèh si wre candhala | matèni kèhing ditya | polahmu kuthila wêgig | dutane Rama- | wijaya ngênom-nomi ||

28. Sinom

1. tinonton ingujar-ujar | abêngis ngiling-ilingi | iki dutane Ragawa | tapa-tapa ing wanadri | tan tulus dènnya tèki | wiku-wikuning antêlu | lah payo ta sinudhat | inginum gêtihe nuli | apan akèh sabawane kang rêksasa ||

2. angling Arya Meganônda | hèh rêksasa dèn aririh | apa gunanta gêgila | môngsa luputa puniki | patine si wre pasthi | nanging ta antinên lamun | praptèng ngarsa narendra | kawruhana pra dipati | ingkang samya prawira angawruhana ||

3. dyan ingusung Sang Anoman | binêkta mring pôncaniti | binêktèng mêdal ngawiyat | wau pasewakan aji | jêjêl kang pra

--- 178 ---

dipati | sagêgamaning prang pupuh | Sang Arya Wibisana | Prahasta Rakyana Patih | mila prapta ing jro taman ana karya ||

4. tan dangu antaranira | praptane Radèn Indrajit | ing ngarsanira kang rama | umatur saha wotsari | punika sri bupati | wre kang ngrusak taru-taru | ing taman Soka sirna | kêmbang-kêmbang dèn uruti | sru ngandika Sang Mahaprabu Ngalêngka ||

5. hèh wre apa sêdyanira | rumabasèng taman sari | liwat saking doracara | mêngko sira sun patèni | wau Sang Arya Wibi- | sana awlas duk andulu | Sang Anoman binônda | matur ing raka narpati | dhuh dewaji lampahna èstuning raja ||

6. nistha gêng mêjahi duta | sanadyan kuthila wêgig | yèn duta tan dadi pêjah | kang pasthi manggih pisalin | sarta ganjaran malih | kang wus têtela ing dangu | lampahe raja-raja | matur sarwi mrêbês mili | siranoman wruh solahe Wibisana ||

7. angalêm sajroning driya | wong iku atine bêcik | sugal Prabu Dasamuka | pagene mênging matèni | wadya wil akèh mati | lawan kapindhone iku | lami ngong madêg nata | ing jagad tan ana wani | si mêngkonok wani ngrusak taman ingwang ||

8. lawan duk lagine prapta | si munyuk anggawa angin | lêbur kabèh [ka...]

--- 179 ---

[...bèh] kêmbang-kêmbang | ya pagene wani-wani | nêrak kaprabon mami | gêmpal kaprawiraningsun | ya ngapa tan matia | iku pantês dèn jêjuwing | sawusnya ngling Sang Prabu Dasawadana ||

9. sira Anoman gya mojar | tan ana tinaha bêngis | saengga ambêg sêsumbar | hèh Dasamuka Narpati | maring wre duta kêni | binônda anggung sinêndhu | tan darbe kuma-kuma | lah mara pêdhotên nuli | guluningsun yèn kudu mêmati sira ||

10. yèn ratu tuhu jayèng prang | tama rêksakaning bumi | môngsana kang kaya sira | kudu-kudu mêmatèni | angaku jayèng jurit | sayêkti dora tingkahmu | dhustha bae ring jagad | rêtnèstri wisesèng aji | yèn lungguhe yèn mungsuhe kasor ing prang ||

11. èstrine minôngka tawan | dunyane jarahan pasthi | mangkono ratu wisesa | kang sinêbut jayèng jurit | narpatiku wre sêkti | Sugriwa angungsi mrêdu | ring Sang Ramawijaya | santa budyambêkira ring | marma mitra dadi sapati sagêsang ||

12. Sugriwa Rama wong liya | dadya cap sadaya pati | sawabe Ramawijaya | sru dibya rumêksèng bumi | karo gêng duka kingkin | prandene mêsih rahayu | mêtu dalan utama | wong agung karo wirasti | Sang Narpati Sugriwa Ramawijaya ||

13. sêktine tan pae [pa...]

--- 180 ---

[...e] lawan | sajêmbaring jalanidi | bakuh ing tyas mindha rêtna | têtela ayuning bumi | yèn ing wong agung kalih | lêstari môngka pikukuh | ring rat paramudita | saksat sampêting pakarti | tan na keguh kadya prabata Malyawan ||

14. karsa kang maring kaloban | kanisthan têtêp tan pinrih | arta rêtnane tan ketang | mung amèt utama sami | têtêp mitra sapati | saurip sabaya kewuh | karone wus prayoga | miwah ari sang pinardi | sadu budya sira taruna Lêksmana ||

15. marmane sagung wanara | prawira kabèh samya sih | anglabuhi sida karya | sumungkêm ing pati urip | hèh pakolihe sami | labête pamitra tuhu | hèh Dasamuka Raja | yèn sira nêdya basuki | aywa agung krodha duwe ati santa ||

16. nêmbaha ing gustiningwang | aturna Putri Mantili | lan sakèhe donyanira | kang rêtna kang pèni-pèni | sayêkti nêmu bêcik | suka tyase gustiningsun | Risang Ramawijaya | narpatining rat sayêkti | widigdaya purosèngrat parikrama ||

17. saèstu tan pêpadhèngrat | jayèng satru sura sêkti | ana panahe sajuga | mêtyu padhanirèng bumi | yèn pinanahkên juti | doracara dhustha gêmpur | mulane Si Wirodha | Karadusana ngêmasi |

--- 181 ---

Si Marica Dirgabau kabèh sirna ||

18. Tathakakya jiwa lunga | miwah Sri Wanara Bali | sirnaning panah sajuga | yèn ing murka sirna ênting | yèn mulya nora pinrih | iku panahe gustiku | kang raharja rinêksa | sru darma rumêksèng bumi | sawusnya ngling sira Sang Bayutênaya ||

19. Dasamuka sru bramatya | jaja bang mawinga wêngis | muka bang gurnitèng swara | hèh-hèh dhik wanara jisjis | pêksa anglêluwihi | piyangkuhmu mudha punggung | duta tar parikrama | nistha dama ambêg julig | lah kang êndi ngaku nut duta utama ||

20. yèn komrih duta utama | tanpa polah tan patya ngling | lah iku amangap-mangap | cariwis angisin-isin | matane mondar-mandir | macicil kodhambêg pagut | lah iya kêthèk apa | têka tan pantês nèng urip | mung sêktine gustine bae dèn ucap ||

21. lan parikramaning jagad | apa wong Ngalêngka iki | kokarya busuk sadaya | gustimu kang sira puji | panahe amatèni | Si Wirodha buta kumprung | miwah Karadusana | godhogan tan duwe sêkti | Si Marica buta desa tanpa ngrasa ||

22. matèni buta urakan | prandene ta sira puji | para martapa genea | wil tan dosa dèn patèni | liwat tan wruh ing bêcik | mati-mati sakèh diyu |

--- 182 ---

tapa-tapa durcara | ruhara bae kang pinrih | pantês kang wre angalêm wong mas kinambang ||

29. Maskumambang

1. hèh mulane gustimu tan wruh ing bêcik | mitra lan wanara | Si Sugriwa dudu jinis | tandhane manungswa dama ||

2. pêpantêse wanara mitra rasaksi | amitra manungswa | manungswaning mudha yêkti | tan patut padha manungswa ||

3. pratandhane yèn wiku-wikua yêkti | pan tutut budinya | nora gêlêm mêmatèni | migêna wiku candhala ||

4. hèh ra munyuk sira mau linging mami | narpati jayèng prang | amatèni satru sêkti | tan misesa wasa-wasa ||

5. rêtna manik pawèstri labaning jurit | yèn mungsuh jayèng prang | panjinge tinawan èstri | dunyane dadi jarahan ||

6. lamun ora mangkono tan jayèng bumi | têtêp para dhara | goragadha ambêk julig | lah karane gustinira ||

7. ngrêrusuhi ana ing jajahan mami | bumi ing Dhandhaka | butane kang dèn kêkêthip | nora dèn wèhi mamôngsa ||

8. mung wikune bae padha dèn warêgi | jêr wong nêdya ala | mrih kuru bala rasaksi | mulane age pinadhan ||

9. wong anêdya rusake jajahan mami | wus jatining ditya | para dhara ngrêrusuhi | manungswa mèlua ngapa ||

10. Si Ragawa dene tan [ta...]

--- 183 ---

[...n] wirang ing bumi | miwah Si Lêksmana | tuhu ambêg pandhitadi | ya mèlu mêmati ditya ||

11. hèh lingmu ya Si Wanara Bali mati | tèk sêktine lara | Si Bali apês kapati | kang jamak panah pupuga ||

12. pratandhane Ramawijaya kuwalik | ana wong ayuda | padha kadange pribadi | prandene gêlêm dèn sambat ||

13. amatèni Bali tanpa dosa yêkti | iku têtêp murka | Si Rama têka dahwèni | dursila niti candhala ||

14. wusnya nguman-uman rêksasa narpati | Anoman ling sugal | apa ko nênacad mami | rumêbasèng taman Soka ||

15. anênacad duta mudha punggung mami | ingong nut ing duta | kang utama nguni-uni | nora dhustha kaya sira ||

16. ngong lumaku kinon maring gusti mami | Sri Ramawijaya | lumawat maring kang rayi | kapanggih nèng taman Soka ||

17. gustiningsun sadhepok anèng ing siti | sira nuli prapta | dadi suwe sun antèni | sira tan kapadhan karsa ||

18. goragadha sira arêp mêmatèni | angunus côndrasa | yèn sidaa ingsun nuli | anjambak saking paragak ||

19. ingsun pêdhot gulumu ingsun jêjuwing | apan dudu tingkah | ing raja jinising gênjik | datan rèh ing prabutama ||

20. kinêpruka êndhase nora bayani | marmane

--- 184 ---

sun rusak | tamanmu sun obrak-abrik | sun tumpês balamu ditya ||

21. lan anakmu Si Saksa ingsun jêjuwing | sira kang sun ajab | mau mêtu wong ajurit | nora wurung sun sêsêmpal ||

22. sira ingkang muruk ala wong sabumi | tinut balanira | durcara anggêgêdhêgi | tinumpês tan dadi ngapa ||

23. singa murka nèng bumi linêbur aglis | kongucap wanara | Si Bali apês ing jurit | pan dhingin pratamèng sastra ||

24. santa darma wiku bae dèn ugêmi | mung anêdya parak | lawan bathara kang pinrih | Bali Wanara Pandhita ||

25. apan tulus têtapa anèng ing wukir | nuli ana ditya | kaya yuyu kaya luwing | mring gone Bali atapa ||

26. dhas sapuluh tangan rongpuluh kang prapti | guru pôncasona | winuruk marang wre Bali | wusnya bisa pôncasona ||

27. dadi mitra anggêguru awor asih | krêp sabèng patapan | iku ingkang nênulari | edane ngajak dursila ||

28. ngiris-iris tyase kapandhitan sêbit | jêr kudu anjarag | buta gila dèn wuruki | ing ajine pôncasona ||

29. katularan durmurka kaya rasaksi | mulane pinanah | ing gusti sanjata êning | ing tyas ambêk parikrama ||

30. ilang kabèh sêktine wanara Bali | katiban [katiba...]

--- 185 ---

[...n] bramastra | pan sarwi dèn sêsangèni | gustiku lamun mêmanah ||

31. ngêmbat langkap sarwi ngucap jroning galih | yèn si nyata ala | matia ing panah mami | yèn bêcik aja tumama ||

32. nyata ala mulane jidhèt wre Bali | katiban sanjata | têrus dhadhane babar ji | mangkono narendra tama ||

33. ilang aji pôncasona tanpa dadi | môngsa kaya sira | ratu nasak bosak-basik | mrih pati tan nganggo tata ||

34. ngawud bae môngsa nganggo asêsangi | kaya gustiningwang | ratu rêtnaning sabumi | besuk iku gulunira ||

35. pacangane bramastrane gusti mami | mulane tobata | aja prang lan ratu mami | ngaturêna Dèwi Sinta ||

36. lawan pèni-pèni ing Ngalêngka iki | kabèh aturêna | angasrahna anak rabi | pamurung bilainira ||

37. lamun ora mangkono Ngalêngka iki | dadi karang rampas | basmi saknagara tapis | sira kang gêgawa papa ||

38. eling-eling babo-babo dèn pakeling | yèn sirarêp waras | nêmbaha ring ratu mami | aywa ayuda kênaka ||

30. Pangkur

1. Rahadèn Pawanasuta | tyasira nirbaya nirwikarèki | macicil pamuwusipun | manabdèng Dasamuka | tur mangsane siniwakèng punggawa gung | angoso [ango...]

--- 186 ---

[...so] angêrap-êrap | mring Dasamuka Narpati ||

2. Dasamuka langkung duka | têdhak saking palôngka anudingi | brakuthu bang mukanipun | amalêlêng dumilah | hèh kojanjan cungcudhik wanara lumut | wre ngajap gawemu papa | dèn singsêt padha nalèni ||

3. buntêlên ikêtên lawan | kayu-kayu dèn singsêt analèni | êrutên kalawan êduk | lapisên alang-alang | êdusên ring lênga-lênga dèn kalumut | lan jêjêlana tahuyah | buntut buntêlên pribadi ||

4. ingkang duk miwah lêlênga | alang-alang lah payo dipun aglis | mangsah ditya kang tinuduh | anggawa obor samya | wus ingobong pinrih patinira Bayu- | tênaya wrêdi agninya | muntab mubal punang agni ||

5. ri sêdhêng dahana mubal | tiwikrama Anoman mangkat aglis | kadya prabata umurub | ngungkuli jroning pura | angin adrês godhi rantas tatas rampung | kêkirig Radèn Anoman | jro kadhaton udan gêni ||

6. prahara gora walikan | bajra mêsês mulêk kang angin-angin | mêsat Anoman mindhuwur | kadya andum dahana | kang nibani omah-omah wèh umurub | gègèr rêksasa gumêrah | têtulung marang jro puri ||

--- 187 ---

7. lor kidul wetan dahana | wus andadi dahana angêbêki | agninya mubal amumbul | muntab ngênani wisma | awurahan èstri jro pura gumuruh | puyêngan otêr ruhara | tanbuh-tanbuh kang dèn ungsi ||

8. sagung rêksasa sinawat | kang tumênga kèh kêna kèh ngêmasi | ana tutuknya matungtung | buta pating garundam | mar kumêtêr kasoran kadiranipun | kapuan nir ing kasuran | magêgêh kewraning agni ||

9. lêburan sajroning pura | pira-pira wisma mas gêsêng basmi | saka manik-manik murub | akik suh rêmuk rêmpak | sayandadi pawaka kênangin mawur | kawur kawuwur dahana | saênggon-ênggon andadi ||

10. tutug ingkang mulad-mulad | gêrêngnya lir gora manêngkêr langit | musus angin-angin lesus | walikan sabuwana | taman Soka kagyat samya duk gumuruh | gègèr swaraning danawa | barungan swaraning agni ||

11. gapura-gapura sirna | pira-pira dalêm agêng kabêsmi | tumpêsan gêmpur tur sumyur | ulêkan mulêk mêlak | kukus-kukus kang lesus mêsês kapupus | ngakasa mangampak-ampak | nampêki ditya kèh mati ||

12. tri pura-pura umarab | datan kêna gêni yèn dèn sayuti | lir tinunu ing dewa gung | Bathara Maeswara | kadya [ka...]

--- 188 ---

[...dya] kala-kalanira mawrêda sru | krodha umangan-mangan rat | tan ana kang anambaki ||

13. sato-sato jroning pura | manuk-manuk tumpês tan ana kari | sanagara kuwur-kuwur | pijêr otêr kewala | ambalasah ditya wênèhana mabur | giris mulat ing dahana | nèng luhur binalang gêni ||

14. kèh mati tibèng bantala | wiwrin kabur pati-pati dèn ungsi | ana kang ambyur ing banyu | sagaran gêng katiban | agni ingkang saking gêdhong panggung-panggung | umob toya lir kinêla | wil mêntas sêlak ngêmasi ||

15. losoh bangkening danawa | lir ginodhog pira-pira dityèstri | kang mati katampêk kukus | ruhara lir bathara | mamberawa mêkasi jagad ginêmpur | trênyuh manik candrakanta | tan ana kang tawèng gêni ||

16. lêburan pêthètan sirna | Dasamuka katampêk nganan ngering | ngalor kukus ngulon kukus | katampêk ngidul ngetan | tanbuh gone sabrasthaning jro kadhatun | Anoman sigra lumumpat | maring taman Soka malih ||

17. marêk Sang Janakatmaja | sru kumêpyur praptanira Maruti | panarkanira wus lampus | ing èwu-èwu ditya | lêga tyase Anoman praptane wutuh | mung panah siji tumanggah | anèng wêntise kang keri ||

18. Radèn Anoman [Ano...]

--- 189 ---

[...man] tur sêmbah | pan kawula gusti duta sayêkti | dede duta arubiru | benjing tuwan aturna | ing Jêng Gusti Ramawijaya pinunjul | saking krodhaning Rahwana | tumangguh ing rèh tan yukti ||

19. kawula lumaku duta | tan sangsaya amrih sukaning gusti | akathah pratandhanipun | sigra nêmbah umêsat | saking pura Ngalêngka sampun angayuh | jumantara aruhara | bajra mêsês angin-angin ||

20. gumuruh gêrah gurnita | mawalikan ri kang prabawanèki | rêbah rug kang kayu-kayu | kèh sêmpal kaparapal | gêtêr patêr dhèdhèt erawati wagyut | lir ginênjot Suralaya | molah wèni jalanidi ||

21. gambira gora sagara | ombak kambah pyaknya gêng giri-giri | gègèr mina kapalayu | naga kol magênturan | agraning wukir Maendra manggut-manggut | kagyat sagunging wanara | bala kang samya anganti ||

22. Rajaputranggada lawan | Sang Anila Jêmbawan sawadyèki | wre kasrêg gorangin sindhung | prakêmpaning udaya | tan antara prapta Anoman maniyup | mawrêg kang wanara mulat | praptane Risang Maruti ||

23. gupuh Radèn Baliputra | Sang Anila Jêmbawan mêthuk sami | wanara kèh kusung-kusung | ton cihna Sang Maruta | suta kathah katongton pratandhanipun |

--- 190 ---

narka yèn wus sidèng karya | atata samya alinggih ||

24. wre alit adoh ngujiwat | kagawokan samya wre alit-alit | misih tiwikramanipun | pama prabata mawan | angganira têtuwuhan kadya wulu | pucaking ardi Malyawan | upama sirah Maruti ||

25. tambining lyah kadya jaja | guwanira ingkang minôngka kanin | rah mili saengga dhatu | rêrêm kang pracalita | kêmbang-kêmbang sarine marurum-marum | sumrik lir tilam kumala | mêmbate kang sari-sari ||

26. wanara kang nganti samya | lir angarang lalu dènnya mrih rêsmi | praptane Anoman sampun | nêkani sacumbana | pira-pira sakèhe rêrêsêp kumpul | maratani dadya suka | dene Anoman wus prapti ||

27. lamine pangantinira | samya nahên wirangrong wre kang ngiring | rangu-rangu kapirangu | angarang karungrungan | maras-maras bok wurung wirang kawangur | mangkya prapta Sang Anoman | lir manggih rêtna sawukir ||

28. sartantuk têtelèng lampah | lêlakone anèng Ngalêngka puri | mari mangarang mong rungrung | Jêmbawanilanggada | angluwari rarasing tyas rangu-rangu | lir ôndakara purnama | kesisan ngima manipis ||

29. samya srêp tekang wardaya | mamartakkên Sang Ramadayapati | kaduk mêmanising tutur | kang winartan sadaya | namudana [namu...]

--- 191 ---

[...dana] nanduki wulat rum-arum | kadya manik candrakanta | dikanta mrêdu mêmanis ||

30. tri Jêmbawanilanggada | winartanan duk panggih rajaputri | ing solah kawêlas-ayun | samya sêkêl sadaya | rangu-rangu kapirangu arawat luh | angin-anginira datan | kêras marutanira ris ||

31. isthane kadya mirsakna | kang ginunêm nèng soring kayu wudi | punggawa wre anung-anung | wre patang kêthi aglar | amirasa liring rèh punggawanipun | mangingsêk-ingsêk sêdaya | rêrêp ombaking jaladri ||

32. dhêdhêpe tan ana swara | yayah milwa mirsakkên kang pawarti | kadya bantu brôngta wuyung | wusnya martakkên nulya | ing solahe narendra padni mlas-ayun | Anoman gantya wêwarta | ing tingkah têmahan jurit ||

33. ing wasana ramening prang | dadya lipur sêkêl nêpsuning tangi | wulat ringas ting salêmprung | galak krura makilat | ngadhuh sêgu prakatha gêlap mabarung | rêrêm Sang Hya Diwangkara | kadya ngaptèni kang runtik ||

34. hèh dene tan nganti sira | nora mangsit ngadoni jayèng jurit | aywa mangkono ing besuk | pan kabèh kang angantya | sanakira jaga ing rèh pakaryamu | aywa nênisani ing prang | tuhu karya walang-ati ||

35. tuju tan kaparèng tiwas | dadi paran tiwasa ing ajurit | Bayutênaya [Bayutêna...]

--- 192 ---

[...ya] gumuyu | dene kang ora-ora | pan gustimu narpatiningrat pinunjul | bathara angejawantah | têtêp musthikaning bumi ||

36. ri sêdhêng mirsakkên warta | tyasnya sagung wre kang para dipati | gêngning kang suka kalangkung | kadya kang jaladian | kasorotan sasôngka purnamanipun | wêtune padhang sumilak | saarsèng tyas rarasati ||

31. Mijil

1. pan lêstari pawartanira glis | kang wadya wre bodhol | kabèh ngayuh gêgana lampahe | diwangkara wus tumamèng lingsir | rikat kang lumaris | Maendra kapungkur ||

2. wukir Malyawan sampun kaèksi | gya niyup mangisor | kadya teja wangkawa kilate | prabawanya wor lan cundhamanik | prapta sadaya glis | ing têpining gunung ||

3. horêg kang wre yèn Anoman prapti | gurnita kang anon | Prabu Sugriwa sapunggawane | lagya ngadhêp ing gusti gêng wingit | miwah ingkang rayi | Sang Lêksmanasadu ||

4. mangsah Anoman wus praptèng ngarsi | myang wre kang rumojong | Nilanggada miwah Jêmbawane | parêng mabyantara awotsari | kagyat duk ningali | tyasira kumêpyur ||

5. Ramawijaya gupuh mangsiti | kang saking kinongkon | munggèng wuri Sugriwa jujuge | Sugriwa matag majêng wotsari | katur

--- 193 ---

cundhamanik | lawan suratipun ||

6. Risang Ramawijaya mulat ing | cundhamanik kaot | nora samar kancinge gêlunge | ingkang rayi putri ing Mantili | cumêplong tyasnèki | onêngira lipur ||

7. wus tinampan ingkang cundhamanik | lan sêrat nèng pangkon | lagyandangu Anoman solahe | dene jêmparing tumancêp wêntis | Anoman wotsari | katur purwanipun ||

8. amimiti malah amêkasi | tingkahe kinongkon | solahira katur sadayane | wutuh datan kirang datan luwih | sukanya tan sipi | mangungun kalangkung ||

9. jêmparing kang tumancêp nèng wêntis | wus kinèn amocot | Ramawijaya alon dêlinge | hèh Sugriwa Si Anoman yêkti | mukyaning dutadi | nêmokkên sakayun ||

10. duta widagda tuhu dibya ring | wiweka kinaot | sura sêkti titi titikane | wusnya muji mring Anoman nuli | surat dèn ungkabi | winawas kang têmbung ||

11. sêmbahing ulun Putri Mantili | kang anggung wirangrong | kang kataman papa patakane | kaatura ring nrêpaputradi | kang wus kataman ring | siniwinta prabu ||

12. kang rinatu mring wadya wre sêkti | wirotamèng kewoh | môngka pratôndha ika praptane | yèn dasihta

--- 194 ---

gung onêng wiyadi | siyang pantaratri | mung ciptèng pukulun ||

13. mila katura kang cudhamanik | prasasat anggengong | mangsah sumêmbah munggèng padane | myang kagêngan singsim ingkang prapti | sasat wus kaèksi | astanta pukulun ||

14. dhuh wulatên hèh sri narapati | Rama dewaningong | bêktyèngong gêng tan ana wawênèh | myang pamular ingsun siyang ratri | liring rèh umijil | ring netra ngapêndul ||

15. janma ping saptantara ywa malih | munga dewaningong | ing nguni duk tan ana wartane | sêmadiningsun ing sabên ari | mung sang narapati | maksihe dumunung ||

16. yèn tan antuka yêktining warti | gèn sang prawiranom | mung anyipta turuna pyuh bae | gunung tasik jurang ingkang têrbis | supayane dadi | margine anganyut ||

17. tanpa mêndha tanpa trêsnèng urip | witning lara kasok | sakathahe kanikmatan têmbe | pinanggiha mangke tanpa kardi | datan ngusadani | marang gêngning wuyung ||

18. sakèh ingkang kapiyarsèng dasih | mêmanis rumaos | kang mimbuhi lêlara gêng bae | barang ngunèn mêmuwuhi brangti | mung jiwaku munggwing | Rama dewaningsun ||

19. nirguna kabèh ingkang kaèsikaèksi. | kapyarsa tanpa don | kêmbang-kêmbang dadya satru kabèh | angin-angin angunjara sami | miwah ranu

--- 195 ---

sami | tan tumamèng gulu ||

20. mangkya sampun amiyarsa pasthi | paduka amanggon | tur siniwèng dening kang bala wre | saengga gring wus parak ing pati | mangkya ngusadani | kêkêtêg duk rawuh ||

21. tur kawula risang batharaning | pukulun aningong | sampun dahat-dahat mong wirage | dhuh sudanên prihatinta gusti | bilih ngrêregoni | karyanta pukulun ||

22. amung rasanên saèstu niti | jayaning kaprabon | sampun mawi ing rèh rupêk lire | amung trangên ulat doh kaèksi | apan padukaji | rèh wiweka putus ||

23. undhagi ring cêtha kramaniti | ayuning kaprabon | praptèng nistha madya utamane | panglimputing boganta dèn èsthi | tan amriha asih | ing wadya sawêgung ||

24. ring pakarti sampekaning pati | krêtarta wus kinon | kridhaningrat winiweka kabèh | maha prawira sastra utami | lirning upasaji | sarjana kawêngku ||

25. ring kacidran tan kangên-angêni | tar punggung ring kewoh | ing pangawruh wus kawruhan kabèh | paran mong kasingsal ing gêng wingit | kang tanpa sêsami | gunggunging lara kung ||

26. sining dunya liyan sagarardi | agêng laraningong | inggih Dasamuka pênggawene | marma dèn enggal praptaa aglis | mumpung Rahwanaji | tyase hara-huru ||

--- 196 ---

27. lawan mumpung dasihe aurip | lumadyèng palugon | Si Rahwana ambêk krura bae | ilang pangulah sèstuning aji | dhustha dursila ring | tan pambêking ratu ||

28. mumpung wadyanta wanara lagi | nêdhêng ing palugon | wirotama ing kasudirane | saisèngrat pilih kang nangguhi | kalawan pun dasih | nênuwun pukulun ||

29. punapantuk praptaa ing benjing | Rama dewaningong | inggih ingkang langkung pikantuke | wêwalêse kawula sêsaji | kaswasih tan sipi | drês lamining kang luh ||

30. netra kawula kalih matimbil | sruning bêndung kang loh | buh abalut ngêmu rah bintite | wus kasêdya luh môngka puniki | lir toya dana ring | pangupayèng ulun ||

31. bilih paduka praptaa benjing | sirêp wijiling loh | aksamanên dèn agêng dasihe | dening anggung karyangèling gusti | marma pisah ugi | awit saking ulun ||

32. amêminta paduka nuruti | saking gêng sih ringong | kidang êmas sangêt tan andipe | paduka gung nuruti ing dasih | yêkti kawulawit | wèh onêng pukulun ||

33. mangkya ngadoni ing jayèng jurit | tan lyan saking ingong | kudu-kudu wèh pakaryan bae | dhuh druhaka têmên Si Mantili | gung wèh walang-ati | sangêt ing pukulun ||

34. mangun tunaningtrunaning. udaya

--- 197 ---

gêtih | kombaking prang popor | minôngka kol rêrêmpon wadya kèh | angadoni pancas muga widi | têtulunga aglis | mring batharaningsun ||

35. benjing yèn prapta pukulun panggih | luwaring pakewoh | kawula wus kapok liring têmbe | kawulakna imbalên ping kalih | kondhangên kaping tri | dasihna pukulun ||

36. sapituduh paduka ring ratri | sumaji sapakon | pan mituhu satuhu ring têmbe | apunagi gêngning sukèng galih | witning byatning sakit | waluyèng pukulun ||

37. tan rumôngsa jiwa ngong nèng dhiri | rungsit tanpa panon | yèn luwara pakaryan sakèhe | dhuh dewaku sêksinên ing Widi | titi sêrat munggwing | ing pustaka jamus ||

38. Ramawijaya solahnya tan wrin | luhira drês miyos | anibani aksara waspane | dadya luntur tulise tan kèksi | pijêr rumasani | sambatning gung wuyung ||

39. têmbunging surat mamêladatimêmêlat ati. | rarase karaos | kadya sumusuk manjing kalbune | amêmênyêt kadya muntir-muntir | mibêt mêthèt galih | anjêjuwing jantung ||

40. pustakanira winawas malih | tulis datan katon | sampun bawur kalantur tibane | saking drêse waspa duk umijil | Ramawijaya ris | pangandikanipun ||

41. hèh Anoman tulungên sun [su...]

--- 198 ---

[...n] iki | tulise kalorod | durung kongsi tutuk wawêkase | tutugêna wêwêkase nguni | Anoman wotsari | majêng atur madu ||

32. Dhandhanggula

1. dhuh pukulun mêkatên kang wêling | jêng paduka mantuna gêng lara | dipun eca ing driyane | apanta sampun tamtu | mulya ênggèn sang rajaputri | amung anglastarèkna | paduka pukulun | ing rèh jaya kawijayan | sampun anggung amikir laraning brangti | mrih nuntên tumanduka ||

2. saha bala amrawasèng jurit | rumabasa ing satru during rat | Rahwana Ngalêngka age | wruha wasananipun | rayi dalêm sang rajaputri | tyas gung mangêbang-êbang | kadursilanipun | Dasamuka pungkasana | wêwalêse agawe lara gung brangti | mugi sirnaèng yuda ||

3. sawusira Anoman nambungi | lêbure tulis sigra cinandhak | Anoman katur ature | mungkaban driyanipun | cundhamanik ingalap aglis | tinonton anèng asta | ingaras ciniyum | wanti-wantining panguswa | nulya ngusapakên maring pipi kalih | anggung sinamudana ||

4. sigra Bayutênaya wotsari | sarwi ngiras pantês aturira | wong agung kalih sinambe | Radèn Lêksmanasadu | lan Sugriwa kalih sinambi | ature mring gustinya | mênggah ta pukulun | pun Rahwana [Rahwa...]

--- 199 ---

[...na] anglir singa | kang nagari Ngalêngka pami wanadri | dene ta pun Sugriwa ||

5. anglir agni sakêkonang wêning | môngka angine nênggih paduka | dumamu mring agni age | sakêkonang umurub | mubal-mubal sawab ing angin | angine ngin utama | pamungkasing bayu | gênine gêni unusan | mila datan sangsaya krodhaning agni | ingkang anggêmpur wana ||

6. brasthaning wana macane kêni | pangungsène apan datan ana | punika ing salokane | bêsmi Ngalêngka tan wun | dening murkanira mawêrdi | Bathara Wisrawana | pinandhita tuhu | rinusak donya jinarah | kaping kalih ari paduka Mantili | têtêp ginawe lara ||

7. sariranya kongsi kuru aking | wulan karahinan pêpadhannya | lir kêmbang tibèng latêke | Anoman wusnya matur | sira Ramawijaya kadi | tinetesan ing toya | marta paminipun | kadya gring manggih usada | ing ciptane Ramawijaya duk prapti | duta Pawawanaputra ||Lebih satu suku kata: duta Pawanaputra.

8. abipraya Dyan Sumitrasiwi | wrining gita Narpati Sugriwa | yèn ngantia pêngatage | Ramawijaya dangu | pijêr ngangên-angên makingkin | sasmitèng pra dipatya | matag wadyanipun | gorarèh bala wanara | parêng tandang lir guntur nêngkêr wiyati | umèb rob magênturan ||

9. sajuru-juru

--- 200 ---

wus ngumpul sami | sagunging wre manggalaning aprang | kumêbul nata barise | pratôndha wre gumuruh | kadya trunaning kang jaladri | pratiwi kadya bêlah | prakatha gumuntur | jingjang Sang Sri Ôntaboga | kagyat dening grêguting wre ngumpul sami | budhal panganjuring prang ||

10. wre prawira Susena pangirid | manggalaning prang maradilaga | satus yuta pêpangkone | Winata Endrajanu | Danurdara kapat bupati | abala nyatus yuta | lir prahara jamus | liyaning catur manggala | pra dipati anggêrbêging sang siniwi | budhal saking Malyawan ||

11. pirang-pirang yuta angêbêki | kadi wukir sol wanadri mangkat | guntur-maguntur gorarèh | kumrasak kumarusuk | lir ampuhan anêmpuh wukir | ruhara bumi molah | asindhung tumundhung | busêkan arêbut marga | têdhuh dhêdhêt ing wuri kadya jaladri | wutah ngalabi jagad ||

12. ngara-ara jurang ngiring-iring | wukir siluk-siluk kawaratan | ing bala wanara gêbèl | lêlêbak singub-singub | jêjêl bêntêt ing wre lumaris | gêtêr patêr walikan | angin-angin lesus | dhèdhèt lor wetan angakak | têngis mingis rawat-rawat erawati | ngurmati sang murwèng prang ||

13. urut mirut kadya anawêngi | diwangkara surêm tan sumirat | kadya nongsongi [nong...]

--- 201 ---

[...songi] isthane | marang sang among gandrung | kapirangu lampahnya ririh | mangunayèng wardaya | mangu gandrung-gandrung | mulat kyèhning kapibala | ngunadika tiwasa têmpuh ing jurit | titi kang winiweka ||

14. Sugriwa mrih nêmbah matur aris | lêng paduka nitiha palôngka | ingusung dening bala wre | mèsêm sang among gandrung | nora yayi bêcik lumaris | among rarasing driya | ngusananingusadani. gandrung | aywa gupuh ing lumampah | pratisthanên tyasirarsa mangun pati | mriha wasana mulya ||

15. dadya aris dènira lumaris | asasmita Narpati Sugriwa | marang sagung punggawane | wau sang gandrung-gandrung | suka miyat anganan ngering | amurwa kyèhning wadya | mangu gandrung-gandrung | wre alit lumampah têbah | katingalan gendhong kacang kalung cêngkir | akèh mikul wowohan ||

16. ana ingkang kapundhung sauwit | binêdhol dhuku pinandhi samya | rêmbyuh-rêmbyuh saparane | suka kang magêng gandrung | solahing wre sajati mosil | mawèh rêsing asmara | mênggah gandrung-gandrung | yèn sayah sami alênggah | soring wudi kinubêng ing pra dipati | wuntat matitip atap ||

17. sarwi mulat ing bala lumaris | kanan kering lir samodra bêna | jêjêl-jumêjêl gorangrèb | gumalêdhêg gumludhug | kadya

--- 202 ---

ladhu dadal ing wukir | wus dangu kèndêl mangkat | sarwi gandrung-gandrung | Sri Bathara Ragutama | datan pisah pangayape pra dipati | kadyalun tan adrêsa ||

18. kêtug prakampita kang pratiwi | mêmbak-mêmbak kadya namudana | amangsit jayèng lakune | risang asmara gandrung | sêbrak ingkang wrêksa waringin | astane asasmita | ing rèh gandrung-gandrung | luwarên wiyoganira | tan sangsaya pakartinta jayèng bumi | suh satru kalamurka ||

19. gègèr ing wana kang sato gusis | amung kidang ingkang kadya tandang | sajodho munya sumêngèr | ing ngarsa sang agandrung | asasmita tuhu tan ajrih | kadya angupacara | mring sang gandrung-gandrung | siniwo arsa cinandhak | maring wana kidang mumbul tan kaèksi | sajatine pan dewa ||

20. dènnya amrih utamèng pakarti | milya ing rèh Sri Bathara Rama | nêdya kamulyan sawabe | sang gandrung kapirangu | Suralaya jawata kêrig | ngurmati lampahira | risang gandrung-gandrung | mastuti saking kadohan | jaya-jaya jayaa sang andon jurit | tutug barang kinarsa ||

21. gumalêgêr swarane kang wukir | asênggani gêlap ing ngawiyat | sumêrambah samodra rèh | tuhu sang among gandrung | kang kinurmat barang kumêlip | wau ing lampahira | tansah gandrung-gandrung | wanara kang

--- 203 ---

pra dipatya | anyaosi wowohan kang adi-adi | binêdhol sawitira ||

22. nanging wong agung dèrèng akapti | anadhaha sajroning lumampah | ngêningakên sêmadine | marmanggung gandrung-gandrung | dadya rêmbên dènnya lumaris | dene Sang Mendrasmara | pijêr gandrung-gandrung | Jêmbawan matur anêmbah | mring Sugriwa hèh prabu ngajêng puniki | bêbulak ngênthak-ênthak ||

23. alampahan ing saparon ari | datan ana kêkayon satunggal | mung alang-alang isine | lan balêmbêm kang dhukut | kalamênta miwah garinting | ing nguni pan punika | kala jênêngipun | Sang Prabu Maesasura | Jathasura punika bumi wêwangkid | Kiskêndha lan Ngalêngka ||

24. dyan wong agung alon anambungi | apa yayi ature Jêmbawan | Sugriwa nêmbah ature | margi ngajêng pukulun | wontên bulak saparon ari | nênggih bumi watêsan | Kiskêndha rumuhun | kalawan bumi Ngalêngka | dadya kèndêl wong agung lampahirèki | matak puja ing wuntat ||

33. Pangkur

1. hèh yayi Prabu Sugriwa | iki wiwit ngidak Ngalêngka bumi | sun kèndêl sêmadi nêkung | matak puji sêsinggah | Sang Hyang Bumi kang sun pinta lilanipun | angancik bumining mêngsah | sigra wong agung lumaris ||

2. tan adangu ajêngira |

--- 204 ---

amrih ênggon pêpundhung kang amagir | wontên witing mandira gung | satêpining bêbulak | samya lênggah sarwi mulat lampahipun | untabing lababala. wanara | bêbulak wus tan kaèksi ||

3. kèbêkan bala wanara | kang lumampah gêbèl atap atitip | datanpa sêla asêlur | timbun atumpa-tumpa | tanpa watês tinon awêwatêsipun | wong agung suka tumingal | mulat nganan miwah ngering ||

4. ing wuri tuwin ing ngarsa | kang bêbulak sumilak doh kaèksi | kèbêkan ing wre lêlaku | balêmbêm alang-alang | kalamênta garinting wus ajur mumur | kambah wanara kèh dahat | luluh ludhês dadya siti ||

5. pirang-pirang kang bêbulak | isi sirna rêsik kadya binêsik | ngandika sang among gandrung | yayi Prabu Sugriwa | kang bala wre sun dulu kèh wuwuhipun | duk sira nèng Maliawan | sun tingali kèh puniki ||

6. umatur Prabu Sugriwa | inggih gusti apan atikêl kalih | kêrigan dening anglurug | kang bala wre sadaya | inggih datan wontên kang purun akantun | suka pêjah ingayahan | ing karya paduka gusti ||

7. wong agung mèsêm ing driya | Sri Bathara Rama mangsah sêmadi | kukusing dupa kumêlun | angayuh Ngendraloka | pratisthaning puja ngawiyat gumuruh | midit [mi...]

--- 205 ---

[...dit] kang Marutagônda | sagung wre kang pra dipati ||

8. muriring gêgithokira | asrêp kasrambahan maruta angin | prabawaning gustinipun | gumludhug bumi molah | kadya atur sasmita sumangganipun | wong aguagung. sakarsanira | pun bumi milya ngastuti ||

9. dyan luwaring puja budhal | kumarutug ginarbêg pra dipati | kapirangu gandrung-gandrung | mulat gunging wanara | tyas kagagas dadya têmah gandrung-gandrung | ing karya wingiting karya | putri adi ing Mantili ||

10. wungu tyasing kapandhitan | nutuh tiwas ing rèh badan pribadi | asmarèng tyas gandrung-gandrung | sru nayaning wardaya | ing satindak lampahira gandrung-gandrung | gandrunge nutuh sarira | karyangèling wong sabumi ||

11. anggung mulat ngering nganan | wuri ngarsa horêg kang bumi-bumi | mangu-mangu gandrung-gandrung | ketang Suksma Kawêkas | kanugrahaning asmara gandrung-gandrung | hèh yayi Prabu Sugriwa | kapan tèke bala iki ||

12. wanara kang murwèng lampah | ingsun dulu misih dhêdhêt ing wuri | Sugriwa nêmbah umatur | gusti praptèng sawulan | kadya dèrèng têlas wadya wre lumaku | manawi ing kalih wulan | ing wuri ngarang-arangi ||

13. têbane margi punika | kadi wontên sawulan nganan ngering | jêjêling wanara timbun | kathah tan antuk marga | apan kathah [ka...]

--- 206 ---

[...thah] ing wuri samya kêkuwu | ngantosi lêganing ngarsa | wong agung ngandika aris ||

14. bêcik yayi amataha | pra dipati kang migênani wuri | Sugriwa nêmbah umatur | inggih sampun sakawan | pun Kêrdana Druwenda kawula tuduh | nglêlajêring wre ing wuntat | pun Bimamuka Sêmpati ||

15. ing ngarsa inggih sakawan | pun Susena Winata sura sêkti | Danurdara Endrajanu | wira catur manggala | nyatus yuta bala wre pêpangkonipun | tur wre sami pêpilihan | lampahe pan sampun têbih ||

16. dèrèng wontên tur uninga | kadi datan wontên sangsayèng margi | sêmadya côndra pukulun | goning panganjuring prang | arsèng driya sang asmara gandrung-gandrung | yayi sapa mungsuhira | yèn sira ngadoni jurit ||

17. sayêkti jayèng triloka | nanging poma yayi ing tyas dèn eling | sêsikuning bathara gung | wong ngadoni jayèng prang | bala iku anut pambêkaning ratu | yèn ratu ambêke arda | balane tiwas ing jurit ||

18. yèn ratune wruh ing titah | pan sumendhe ing Sang Hyang Otipati | tan arda balane unggul | akèh rupaning arda | ana gêdhe ana cilik arda iku | kibir gêgêdhening arda | angrusak barang pakarti ||

19. dene ardalit winarna | barang tingkah kang nêdya nglaluwihi | iku

--- 207 ---

arda aranipun | sanadyan kalangênan | yèn kaliwat karêm ing antaranipun | yèn tan eling dadi arda | tan rusak nanging gagêmpil ||

20. darajat ing kawibawan | ngabêr-abêr ing rèh amangun jurit | apan solahing prang pupuh | ngilangna tyas was-uwas | apunagi kalah sirna mênang ngukup | madhêpa karsaning titah | ing Bathara Otipati ||

21. asor ungguling ayuda | apan dudu yayi saking sirèki | karsaning bathara luhung | aywa ngandêlkên bala | kang wanara ngêbêki jagad sawêgung | dumèh wre maha saktiman | poma dèn awas ing batin ||

22. anuhun Prabu Sugriwa | kadi botên kang sawab sang siniwi | kapusthi ing siyang dalu | ing rèh sêsikuning tyas | sukèng driya sang asmara gandrung-gandrung | kagyat gumuruh ing ngarsa | Danurdara wadyanèki ||

23. anyêkêl ditya sakawan | ditya iku mêntas mamôngsa gênjik | wusnya kapati aturu | anèng gowoking bêndha | kawênangan dening wanara pinikut | katur maring prabunira | Sugriwa ngandika aris ||

24. lah ta iku buta apa | apa buta desa miwah prayayi | katur lamun buta dhusun | rêngu Prabu Sugriwa | gawe apa buta lêlêthêk pinikut | sanadyan buta nagara | jêr durung karuwan iki ||

25. besuk yèn [yè...]

--- 208 ---

[...n] praptèng Ngalêngka | Si Rahwana tobat nututi bêcik | nêmbah ing narendraningsun | sayêkti wurung aprang | lah warahên Danurdara Indrajanu | Si Susena Si Winata | aja salah gawe margi ||

26. wong agung suka miyarsa | ing solahe Prabu Sugriwa aris | ing rèh utama wus putus | patitis ing wiweka | limpad pasang grahitanirambêk luhur | wong agung tyasnya marwata | nugraha Hyang Otipati ||

27. Bathara Suksma Kawêkas | kang aparing kanthi kang wus utami | abipraya wus bayantu | sigra lajêng lampahnya | ing samarga apan tansah gandrung-gandrung | gandrunge kaciptèng driya | kusuma Putri Mantili ||

28. kagagas ngunguning driya | dening putri ingugung rama kalih | sun gawa anusup-nusup | wasana nêmu papa | sumpêg ing tyas arawat luh gandrung-gandrung | nahan kang andon turida | kang ngirid bala gung manis ||

34. Dhandhanggula

1. kunêng wau kang lagya lumaris | kang amangku bala wanara |Kurang satu suku kata: ingkang amangku bala wanara. ya ta winursita dene | Sang Dasamuka Prabu | sawusira pura kabêsmi | dening palwaganoman | sungkawa kalangkung | munggèng têtarub wangunan | lan sang ari Wibisana matur aris | dhuh kaka Buminata ||

2. paran têmah ing karsa kakaji | langkung sandeya ing tyas kawula | ing Suralaya [Sura...]

--- 209 ---

[...laya] yêktine | lami gènira suwung | bathara kang prajurit sêpi | Wisnu mring madyapada | milane pukulun | yèn Wisnu sampun majanma | sampun-sampun ing tingkah rèh kang tan yukti | mila atur kawula ||

3. yèn suwawi putri ing Mantili | antukêna ing wana dèn inggal | sampun ta asalah gawe | kawula sampun antuk | ing pawarti yèn Dasarati | suselasusila. ambêk santa | tyas purnama wiku | sayêkti luhur kewala | prabawane yèn satriya tyase wêning | rahayu parikrama ||

4. botên eca minêngsah ing jurit | mumpung ing mangke dèrèng kabangan | tinututan ing pênêde | kadi-kadi pukulun | botên kongsi dhatêng ing jurit | dene ta tan tinampan | yèn sêdyaa iku | rinêbut kalawan aprang | dede saking paduka ingkang awiwit | yêkti saking punika ||

5. datan awrat linawan ing jurit | Dasamuka ambêkuh kewala | nora ngladèni ature | kang rayi nulya mundur | sêdya wadul ngibunirèki | nadyan benjing wangsula | lan wêlinging ibu | kunêng malih winursita | lampahira Prabu Ramawijayèki | lan sagung kapi bala ||

6. pan arêmbên dènira lumaris | ngeca-eca dènira mong bala | tan rêkasa satitahe | pan tansah gandrung-gandrung | lamun dalu

--- 210 ---

rêrêp wanadri | enjinge nulya budhal | sarwi gandrung-gandrung | wus salami anèng marga | ingkang para manggala kapat bupati | praptèng wukir Maendra ||

7. samya kèndêl wus notog jaladri | sampun têlas margining dharatan | gumuruh ingkang bala wre | dènnyanon samodra gung | ciptanira saksat wus prapti | nagara ing Ngalêngka | mèh paguting pupuh | busêkan isining arga | ing Maendra sato mawur manuk gusis | ngisis angungsi wana ||

8. para manggala kapat bupati | pagunêman Susena utusan | tur uninga ing prabune | caraka mêsat sampun | tan winuwus lampahe margi | wus praptèng ngarsanira | duta nêmbah matur | yèn bala panganjur prapta | ing Maendra sampun anotog jaladri | têlas margi dharatan ||

9. Prabu Sugriwa ngandika aris | hèh caraka balia waraha | Si Susena lan kancane | aja ana kang laju | ing Maendra mandhêga dhingin | karyaa pasanggrahan | myang têtarub agung | caraka tur sêmbah mêsat | Narapati Sugriwa matur wotsari | mring Sang Ramawijaya ||

10. dhuh pukulun panganjur wus prapti | ing Maendra rangkah ing Ngalêngka | sampun têlas dharatane | mèsêm sang among gandrung | nulya samya mangkat aririh | saking soring angsana | sarwi gandrung-gandrung |

--- 211 ---

mungkab nayaning wardaya | riris aris angrampas gandaning sari | yayah anamudana ||

11. tan cinatur laminirèng margi | duk samana mèh cêlak Maendra | miyarsa alun swarane | angot asmara gandrung | ombak ingkang anêmpuh curi | nanduki swaranira | mring sang among gandrung | wau dutane Susena | sampun prapta dhawuh timbalanirèki | Mahaprabu Sugriwa ||

12. wira Susena umatag aglis | maring bala samya nambut karya | gumuruh ingkang bala wre | karya têtarub agung | sêsaosan risang siniwi | tan têbah lan samodra | angongkang gènipun | sampurna tarub wangunan | kang bala wre dalêdêg kang maksih prapti | jêjêl atumpa-tumpa ||

13. wau lampahe wong agung katri | sangsaya cêlak lawan samodra | samodra akèh swarane | kumêsar gandrung-gandrung | pan wong agung angoting wingit | pêrih rasaning driya | tansah gandrung-gandrung | dene wus cêlak Ngalêngka | kapirangu angrês rongèh tyase jurit | keron rèh murwèng laga ||

14. gêrah môndra swarane nanduki | pan gumèndhêl tibèng karna sula | anrus praptèng wardayane | risang asmara gandrung | kapirangu mandhêg anolih | asmara munggèng netra | dadya gandrung-gandrung | sêlèt erawati ngakak |

--- 212 ---

yayah kadi guyoning sang among wingit | luwara tyas wiyogya ||

15. ing saptari antaranirèki | praptanira dutane Susena | wau wong agung lampahe | satindak gandrung-gandrung | kapirangu rèh walang-ati | mirangrong karungrungan | tansah gandrung-gandrung | Anoman matur tur sêmbah | pan ing mangke Ngalêngka katingal gusti | saking wukir Maendra ||

16. lamat-lamat jro pura kaèksi | paprênahan sagung wêwangunan | mancorong witana mase | mèsêm sang among gandrung | sasmitane Radèn Maruti | ing lampah pan wus cêlak | pijêr gandrung-gandrung | wong agung sêngkud lampahnya | dadya mèsêm sagung wre kang pra dipati | muji ring Sang Anoman ||

17. dènnya atur sasmita ing gusti | dene wanine anuju prana | rêspati adu manise | mantuna gandrung-gandrung | pananduke Radèn Maruti | mèsêm Prabu Sugriwa | sasmita andulu | mring Radèn Sumitratmaja | samya mèsêm asêngkud dènnya lumaris | praptèng wukir Maendra ||

18. pan gumuruh bala wre ngêbêki | wanara kang wus lami praptanya | ajêjêl tarap agêbèl | sangarsaning têtarub | tumpa-tumpa bêntêt matitip | saos anamudana | ing gustine rawuh | punggawane anèng ngarsa | wanaralit sirah samya mèpèt siti |

--- 213 ---

buntute congat-congat ||

19. suka mèsêm dènira ningali | Sri Mahaprabu Ramawijaya | wanara bêkti solahe | sampun manjing têtarub | wau sira wong agung katri | Sugriwa Sudarsana | kang tumut lumêbu | munggèng têtarub wangunan | Narapati Sugriwa saos ngaturi | lênggah palôngka rêtna ||

20. aglar sagung wanara dipati | wanaralit tata pamondhokan | anyaosi punggawane | swaranira gumuruh | ing sajuru-jurunirèki | tan ana kawoworan | dènira kêkuwu | wanara kang lagya prapta | samya tanya-tinanya kuwunirèki | ing sagolonganira ||

21. gunugunung. magêng mèru padhanyasri | kèh wowohan têpining samodra | kèbêkan dening bala wre | samyayêm solahipun | dene kathah wowohan adi | gunung iku tan ana | ing pêpadhanipun | gêngnya kathah kang tumimbang | mung luhure sajagad tan ana sami | kadya wukir Maendra ||

22. gunung iku pan tuguning bumi | mênèk jagad kaleban samodra | marma Maendra isthane | kadya ngambêngi ranu | lidhêpaning bumi lan langit | pucak praptèng ngawiyat | ring langit mèh sundhul | asrine isining arga | ing Maendra sabarang sining swargadi | wukir Maendra ana ||

23. sato-sato [sato-sa...]

--- 214 ---

[...to] manuk-manuk sami | sela talanya nila pakaja | jumêrut mirah widure | miwah kang manuk-manuk | akèh manuk kang basa janmi | di-adi wowohannya | prasamya tumêlung | akèh prapta ing dharatan | Risang Ramawijaya mêng-amêng wukir | lawan Pawanasuta ||

24. binêkta minggah dhatêng Maruti | yayah mangayuh mèh ing ngawiyat | ing Ngalêngka katon kabèh | Anoman sigra tuduh | ing Ngalêngka sajroning puri | prênahe taman Arga- | soka pan kadulu | wêwêngkon sajroning pura | goning wana kêbone kang bilik-bilik | paprênahan katingal ||

25. wusnya têtela Ngalêngka puri | ing ênggone Narendra Dayita | sigra têdhak sapraptane | têtêp dènnya kêkuwu | langkung asri langêning wukir | myang langêning samodra | kadya sugun-sugun | marang wong agung kang prapta | saha bala kang badhe ngadoni jurit | mrawasèng satru murka ||

26. kêmbang-kêmbang kang munggèng ing wukir | katamaning kang maruta manda | kadya mangirid gandane | lumarèng arum-arum | mring pakuwonira ngênani | Risang Ramawijaya | myang sawadyanipun | mina sajroning udaya | bayak-bayak lir namudana sêmadi | mring sang among turida ||

27. lalu diwasa diwangkara tis | mangun saarjaning mandakara | gumawang anawang dene |

--- 215 ---

mina pating kacêbur | ombak mêndhak amêmadhani | tranggana bra kawuryan | jroning we kadulu | isthaning anamudana | hèh wong agung lipura wingitirèki | age mriha jayèng prang ||

28. Prabu Ramawijaya mulat ing | langêning wukir lawan samodra | marêrêm ayêm driyane | singa ingkang kadulu | ing Maendra nuwuki kapti | tumon sukaning bala | wanara tumimbun | anggendhong kalung wowohan | anyênyangking angindhit wre jati mosil | mukti isining arga ||

29. ngundhung-ngundhung pakuwone sami | sêsaosane bupatinira | wanaralit ngambilake | kusung-kusung mangusung | timbun tambah wowohan adi | suka marêmpak-rêmpak | marêmpak woh agung | Narpati Ramawijaya | suka mulat bala wre sadaya sami | nugrahaning jawata ||

30. datan ana kang kirang sawiji | isining swarga pêpak sadaya | wus anèng Maendra kabèh | nguni wukir puniku | kèh wowohan rada ginaib | mangkya sapraptanira | Ramawijaya wus | babar katingal sadaya | marma langkung panguningèng batharadi | Narpati Ramabadra ||

31. dadya suka wadya wre prasami | mamêng-amêng têpining samodra | lawan ing wukir asrine | tutug sasolahipun | wre pinuji sudirèng bumi | kunêng kang amrih [a...]

--- 216 ---

[...mrih] eca- | ning wadya kêkuwu | wuwusên nagri Ngalêngka | ingkang samya miyarsa praptanirèki | Risang Ramawijaya ||

32. nèng Maendra ngirid bala kapi | wre prawira datanpa wilangan | kagiri-giri bawane | ratuning wre angratu | Sugriwambêg amugarèni | ngadoni pancas ing prang | Ngalêngka tinanduk | nêdya rêrêmponing yuda | mila horêg ditya kang môncanagari | tuwin buta tampingan ||

33. prapta lawan sagêgaman jurit | tugur sadaya anèng Ngalêngka | mangkana dina Somane | aglar danawa diyu | wil rêksasa ditya rasêksi | sagunging kang prawira | bupati gung-agung | andêl-andêl ing Ngalêngka | liya saking Prahasta Rêkyana Patih | gêgêdhuging punggawa ||

34. samya darbe wawêngkon nagari | prajuritira kêthèn ayutan | punggawa siji-sijine | Parta Bupati sêpuh | kang sumosor ring kyana patih | Prajôngga lan Pragôngsa | Mintragna pinunjul | Dumraksa Wiloitaksa | Maodara Kampana samya prajurit | liya putra santana ||

35. arinira Prabu Rahwanèki | nênggih sira Arya Kumbakarna | jagad tan ana timbange | tuhu yèn gêng aluhur | agganira prasaksat wukir | prabata Maliawan | prakoswa dibyanung | nadyan dewa Suralaya | wus kasoran lan Kumbakarna [Kumba...]

--- 217 ---

[...karna] ajurit | sumbaga goraning rat ||

36. lawan ari Wibisana nênggih | konang-onang ambêg pinandhita | mahardikèngrat yêktine | manik pasthika mêrdu | ring Gunawan putus ing niti | prawira ing aguna | wirotamèng pupuh | digdaya ngadoni ring prang | sugih bala rêksasa prawirèng jurit | tuwin kang para putra ||

37. pan sadaya sami sura sêkti | Radèn Trikaya Radèn Trisirah | Dewantaka lan malihe | putra kêkalihipun | saking Tari Radèn Indrajit | iya Sang Meganônda | digdaya prang putus | myang putrane Kumbakarna | Radèn Aswani Kumbakumba kang satunggil |Lebih satu suku kata: Radèn Aswani Kumba ingkang satunggil. lan Radèn Kumbakumba ||

38. miwah ingkang ditya para mantri | ditya urakan tanpa wilangan | ting paringis rêngês-rèngès | gandarwo ilu-ilu | sawarnine lêthêking bumi | kumpul anèng Ngalêngka | marmane andarung | Dasamuka durtaningrat | duk samana Rahwana sêdhêng tinangkil | umèb buta kang seba ||

39. awurahan lurung-lurung sami | pra dipati kang kantun akathah | punggawa supacarane | miwah tungganganipun | wênèh kuda andaka èsthi | lawan ing panangkilan | atembak supênuh | wadyaning wil pra dipatya | kuda akrah myang andaka miwah èsthi | pirang papan kèbêkan ||

40. ana bupati [bupa...]

--- 218 ---

[...ti] nitih ratasri | tuwin punggawa wagêding kuda | pinandêng bae tutute | kang kêras pangrapipun | kadya kilat pan kadya angin | wênèh kang acangkrama | saking swarga luhur | praptane lajêng sewaka | saantuke mamèt wowohan swargadi | pinangan ing paseban ||

41. lir samodra rob datanpa têpi | panangkilan Ngalêngka Puraya | dinulu kaciwa dene | padhang ingkang kadhatun | ngênthak-ênthak anyar kabêsmi | kadya tanpa barisan | kumpuling ditya gung | mung pagêr bumi kewala | pratandhane wangunaning kênya puri | mung kathah sotyasmara ||

35. Asmaradana

1. paseban kadya jaladri | korine kadya muara | wadya kang seba banyune | dalêdêg mili tan kêndhat | Kyana Patih Prahasta | andhingini wus andangu | wau ta Sri Dasamuka ||

2. mijil saking pura linggih | munggèng singangsana rêtna | horêg lir tasik ombake | sagung kang para prawira | sang prabu wusnya lênggah | muni têtêg nêmbah maju | sagung bupati kang seba ||

3. atarap alapis-lapis | undha-usuking punggawa | miwah satriya mantrine | wus tumrap nora sumêla | pangkat-pangkating wadya | supênuh ngarsa sang prabu | mung sang ari Wibisana ||

4. kang dèrèng prapta anangkil | mila kantun sang nararya | mampir

--- 219 ---

sowan ing ibune | lan anggung sêmadinira | karya êninging cipta | myang ngulat mêmanis mrêdu | ngumala manik pasthika ||

5. tumamèng dalêm bunèki | Sang Gunawan Wibisana | ibune gupuh angawe | tustha dènira umiyat | praptane putranira | dènnyarsa sumiwèng prabu | kèndêl nêmbah ngibunira ||

6. kang putra rinangkul aglis | dhuh putra ngong Wibisana | mung sira wode tyas ingong | tur sumbaga masih ing rat | ingsun iki kalintang | sêdhih sungkawa andulu | ing polahe kakangira ||

7. dene nora mêmarèni | agawe rudahing jagat | iya kulup kaya priye | yèn anggung amangkenea | solahe kakangira | rêntêng ingkang buwanèku | prasaksat kêna ing wisa ||

8. hèh putraningsun dèn aglis | gendholana kakangira | Si Rahwana panggawene | sira kang asiyèng jagad | lah iku mêmungsuhan | lan Sri Ramawijayèku | kulup sira ngambêngana ||

9. konên anêmbah dèn aglis | Dèwi Sinta dèn aturna | parêng sebaa dèn age | aja kongsi karusakan | karyaa sukaningrat | poma ywa têmahan satru | wong agung Ramawijaya ||

10. hèh kulup pangrasa mami | yèn sida amêmungsuhan | kalawan wong agung kuwe | wus karasa [ka...]

--- 220 ---

[...rasa] ing tyas ingwang | patine kakangira | kang ibu sarwi angadhuh | ya ta lah nora kayaa ||

11. kang dadi pangrasa mami | ing apêse kakangira | dene katon dêlajate | dutane wong agung Rama | mung siji tur wanara | pinrih patine kinrubut | mring danawa pira-pira ||

12. parandene nora mati | kinêmbulan sanagara | malah angobong kadhaton | lawan taman Argasoka | yèku ing kuna-kuna | eyangmu buyut canggahmu | pan durung kalakon rusak ||

13. lêluhurmu dhihin-dhihin | pasêmadine mêmuja | pan iya ing taman kono | angkêre kaliwat-liwat | mêngko têka dèn rusak | kêkayone kabèh gêmpur | ludhês têmah ara-ara ||

14. mung gêdhonge bae kari | lan rêksasa akèh pêjah | kang padha digdayèng têmbe | iku kang dadi pratôndha | kapindhone nak ingwang | sun tuturi sira kulup | wong agung Ramawijaya ||

15. sasat Hyang Maeswaradi | bathara angejawantah | miwah kulup lêlewane | iku wus praptèng Maendra | ngirid bala wanara | lakune nora kasusu | ayême simpên utama ||

16. lawan kakangira dhihin | anggung anyêngkalak dewa | yêkti ana wêwalêse | ewa mangkono ta iya | yèn dhangan kakangira |

--- 221 ---

seba mring wong agung iku | Ramawijaya kuwawa ||

17. ngaubi kakangirèki | dursilane kuna-kuna | mulane babo dèn age | tobata mring Ragutama | ngulihna Dèwi Sinta | yèn ora mangkono kulup | adhuh-adhuh wis karasa ||

18. patine kakangirèki | kêna madyaning ranangga | mulane dèn bisa kowe | mêmalangi kakangira | wêruhna ing agama | kasujanan aja tungkul | poma kulup wis nangkila ||

19. manawa suwe dèn anti | kulup marang kakangira | miwah kang anangkil kabèh | padha anganti mring sira | sigra wau Sang Arya | Wibisana nêmbah mundur | sing ngarsaning ibunira ||

20. lampah kasujanan yêkti | winuri ring Wibisana | wajib bêkti ing ibune | langkung sukanirèng driya | Gunawan Wibisana | dene tan kongsi wêwadul | ibune sêlak ngandika ||

21. tur mitungkas wanti-wanti | pinrih pitutur mring kaka | dadya ana paitane | wanine ring kadang tuwa | rêbut bênêring tingkah | abôndha wêkasing ibu | lampahe praptèng pasowan ||

22. wus siji tan ana kari | sakathahe kang sewaka | Wibisana kari dhewe | tumamèng byantaranira | nêmbah sigra ring kaka | ingawe nêmbah wus maju | munggwing ngarsaning palôngka ||

23. kawuri kang pra dipati | tuwin Apatih [Apa...]

--- 222 ---

[...tih] Prahasta | Wibisana ngarsa dhewe | kacakêt lawan amparan | wusnya sang ari prapta | Dasamuka ngandika sru | marang sagung pra dipatya ||

24. hèh sagunge pra dipati | kang padha sura jayèng prang | dhingin-dhingin malah mêngko | kuwate nagri Ngalêngka | kinering parangmuka | kêtêr kabèh mungsuhipun | yèku awit saking sira ||

25. dene padha sura sêkti | nimpuna ing kawijayan | budiman ing niti kabèh | wisesa saliring sadyasêdya. | barang kang sun karsakna | sadaya saking sirèku | tan ana winancak ing tyas ||

26. jawata kasor ing mami | tan ana kang malang-malang | mêngko ana kang maido | anyampah prawiraningwang | iku Si Ragutama | nyêmpaluki sudiramu | mêngko wus praptèng Maendra ||

27. angirid bala wre sami | barise anèng Maendra | mèh prapta ngarbasèng kene | anutugakên suranya | patine Tathakakya | Si Karadusana lampus | ana ing wukir Dhandhaka ||

28. tanpa dosa dèn patèni | Si Wiradha Si Trisirah | malah iya mitraningong | wanara Bali palastra | dhustha Si Ragusuta | liwat andarung kumlungkung | Dasamuka wusnya mujar ||

29. madêg sagung pra dipati | rêksasa masinga nabda | sêdhèt angunus tuwêke | ana limpung myang nanggala | parasu gandhi [ga...]

--- 223 ---

[...ndhi] kunta | pating galidrah gumuruh | sêsumbar angajap lawan ||

30. dhuh gustiku sri bupati | apa gawene dèn rasa | mungsuh kang kaya mangkono | munyuk monyèt saba alas | abdine titir tatal | anyêngkalak para ratu | tate anêlikung dewa ||

31. ana umbul gadanèki | miwah kang siring badhama | adhuh gusti buh rinaos | mungsuh manungswa tur nistha | dama tan duwe bôndha | saksat kuwat godhong lumbu | amungsuh Ramawijaya ||

32. tanpa gawe dadi pikir | munyuk datanpa gêgaman | angèl ngrêmêd godhong kelor | suwe anjêjêk samôngka | suwe ambacok gêdhang | suwe wong amamah waluh | nyunyur mumur gonyèh rênyah ||

33. samôngsa nyabranga benjing | mungsuh Si Rama Lêksmana | inggih kawula tumpêse | ludhês anèng tangan ingwang | dadak gôndra punapa | akathah sêsumbaripun | sagung kang para prawira ||

34. ana anggêro anjungkir | amutêr kartalanira | dhuh prabuku pindho gawe | swarga putêrên ing dharat | dharatan unggahêna | sayêkti dados pukulun | sintên kang malang-malanga ||

35. pating galêmbor ngajrihi | mintonakên solahira | dènnya mrawasèng mungsuhe | dhuh nadyan Hyang Wisrawana | tuwan sôngga [sông...]

--- 224 ---

[...ga] nèng asta | tanpa sesanta pukulun | tur tuwan kadang taruna ||

36. Sinom

1. angling Arya Wibisana | mring sagunge pra dipati | mêngko-mêngko dèn atata | sakèhe kang pra dipati | gampang wong gêdhag-gêdhig | ing karsane kaka prabu | sira tinari padha | prayogane laku iki | nora angèl atari wong kakêrêngan ||

2. nanging bênêr saking sira | rèhning wong padha angabdi | sayêkti angarsa-arsa | ing karya dadining jurit | sêtya kalawan pati | mung walêse mring sang ulun | nanging ajana sigra | barang pakarya dèn eling | dene nguni ana dutane Ragawa ||

3. mung siji ngamuk nèng taman | kinêmbulan ing rasaksi | pira-pira kaprawasa | dutane nora ngêmasi | katuju Si Indrajit | amanah nagapasa wus | kênane kang caraka | kalingane Si Indrajit | datan ana bupati mawur kewala ||

4. apan iki kang kinarsan | ing kaka jêng narapati | prayitna kang winiweka | kaprawiran kramèng niti | nadyan têmahan jurit | yèn budi yitna wus putus | aja pijêr angkara | gumunggung sêkti pribadi | apan akèh iya titahing jawata ||

5. nora Ngalêngka kewala | kang padha sinèrèn sêkti | nadyan saliyane

--- 225 ---

ana | mila winiweka yêkti | tuluse jayèng mami | lawan apêse kang mungsuh | iku kang dadi rasa | pinaryitnan kang abêcik | ewuh iya ing mungsuh aywa gêgampang ||

6. têtêping rahayuning prang | kasudiran anèng wuri | prakara kang dadi rasa | rinasanan kang patitis | purwane dadi jurit | sapa bênêr sapa luput | ing kono pan katara | sor unggule ing ajurit | wêwinihe prakara aja tinilar ||

7. apan ana kuna-kuna | pratingkah ingkang kawuri | wong agung ngadoni laga | kang apês unggul pinanggih | iya lawan piranti | prakara pratingkah saru | lan rahayu kawruhan | winawas saking sêmadi | samya sirêp sagung bupati kang myarsa ||

8. marmana mrih animpuna | tindake ngupaya sandi | pamoring karti sampeka | kinawruhan aja lali | lawan traping pakolih | unggul asor mrih tinêmu | têtêping karaharjan | anut ing bênêr lan sisip | lamun sisip purwaning soring wasana ||

9. yèn bênêr unggul wasana | ywa dumèh sira gêng inggil | iku buwang kaprayitnan | luput ngandêlakên dhiri | wanara iku cilik | kinêpêla bae kolu | mung dadi sauntalan | mulane Wikathaksini | nguntal kêthèk tan kolu gulune suwak ||

10. balik dandananing [da...]

--- 226 ---

[...ndananing] mêngsah | lawan anggêpe wadyèki | miwah ta kèhing prawira | sawang-sawunging ajurit | lawan kang dadi kanthi | pangulah kasap lan lêmbut | môngka juruning gêlar | pangrèh aju undurnèki | ing ayuda kalah tata mênang tata ||

11. Sri Mahaprabu Ngalêngka | pangandikanira aris | mring sang ari Wibisana | lah kayaparan sirèki | mungsuh iki nêkani | nèng Maendra akêkuwu | tuhu lamun sikara | Ragawa mring bala mami | ya mulane dayitane ingsun dhustha ||

12. matur ari Wibisana | mring raka prabu wotsari | pukulun sri maharaja | kang sèstu nataning bumi | mugi têtêpa bêkti | kawula ing kadang sêpuh | pasthi tan kêna owah | lawan jênênging narpati | ingkang pasthi langkung saking kadang tuwa ||

13. pan inggih atur kawula | mung têtêp paduka aji | rumatu-ratu Ngalêngka | siniwi wadya rasêksi | myang kadang warga sami | tulusa rahayunipun | miwah ibu lan eyang | ecaa angadhêp sami | sampun kongsi ngalèpèti kasusahan ||

14. sampun kongsi mangun yuda | lan wong agung Dasarati | Dèwi Sinta aturêna | tan liyan punika nênggih | rumiyin malah mangkin | kawula tan darbe atur | sampun nêdya mêngsahan | manah kawula dewaji | tan sakeca mêngsaha Ramawijaya ||

--- 227 ---

15. dening ta Si Ragutama | ambêg tyas pasthika manik | mugule ing kasujanan | tan mèngèng ing sadu budi | lawan kawula inggih | nuwun ing karsa pukulun | punapa pamrih tuwan | amungsuh ing Dasarati | punapa gih amunga èstri kewala ||

16. botên praja miwah rêtna | kang pinrih amangun jurit | langkung sapele punika | rinewang amangun pati | sêdhêng praja ing ngriki | tan kirang wanodya ayu | sutaning Batharendra | Dèwi Tari wus karabi | lah punapa ing têmah rêrêmpon ing prang ||

17. yèn mênggah atur kawula | sampun age magut jurit | yèn botên sampun kawangwang | inggih pakantuking jurit | lan mungsuh wus kaèsthi | bote miwah agalipun | winiweka tranging tyas | upayane dèn matitis | wus kapanggih pakolihe jayèng yuda ||

18. kalawan paduka wawrat | pun Sugriwa sawadyèki | punapa tuhu asiha | mring Ramawijaya pasthi | yèn pun Sugriwa maksih | eling labêting kakaruh | inggih lawan paduka | pan sampun sudara dèwiwèdi. | mitra nyata ing nguni Bali Sugriwa ||

19. mangkya paduka nyodaka | dèn dhêmit tinari yêkti | anggêpe Prabu Sugriwa | lan Ramawijaya pasthi | paduka mêmanisi | Sugriwa dêdimèn emut |

--- 228 ---

sinungsung sasukanya | pinrih enake sayêkti | ngantukana mêmitra lawan paduka ||

20. lawan inggih pun Anggada | paduka pundhut mariki | tuwan agung kêkintuna | manik rêtna pèni-pèni | inggih yèn botên kêni | kados punika pukulun | Sri Bupati Sugriwa | yèn sungkême baya pati | yèn anganggêp tuhu mring Ramawijaya ||

21. tan kenging paduka mêngsah | Ragutama minôngkagni | Sugriwa môngka prahara | murub dening angin-angin | sintên ta kang nangguhi | agni gêng ginawèng lesus | muntab mubal wurahan | dahana ngêbêki bumi | paran marga lujênga nagri Ngalêngka ||

22. paduka anyambat dewa | dewane samya prihatin | susahe saking paduka | sintên ingkang dèn sambati | malah dewane sami | mring Ramawijaya tulung | apan sukaning dewa | dulu mring wong mêlas-asih | ulah puja nêtêpi sêmadinira ||

23. Sugriwambêk pinandhita | mulaning wruh ing wahini | pasthi sampun tinetesan | rêtna marang Dasarati | Ramawijaya yêkti | dènnya mrih mêmitra tuhu | Sugriwa wruh ing rêtna | dadi labuh baya pati | kaping kalih katumpangan kabêcikan ||

24. ewamakatên sang nata | sarate amangun jurit | sayêkti mênêdi kutha | jurang larèn balowarti | Ngalêngka yèn wus [wu...]

--- 229 ---

[...s] bêcik | pêpagêr sagara gunung | jurang angapurancang | kali ing Suwelagiri | langkung gawat wus piranti kang nagara ||

25. mung cacad kirang dandanan | manungswa kang tau niti | parikrama kang wiweka | kasujanan manta budi | wruh wêkasaning dadi | wruh dadining ala ayu | janma tama sadguna | wruh pasang ingêring jurit | ora angèl akarya ungguling rowang ||

26. akarya apêsing lawan | pakênaning sarjanadi | apa wit tan paramarta | nora niaya ing bumi | ambêg santa budya sih | wêwinih satriya punjul | Rama lawan Sugriwa | mêmitrane adu manis | nunggal praya dènnya mrih kaarjaningrat ||

27. mila kawula acipta | awrat binobot ing jurit | wong agung Ramawijaya | dene ta jagad puniki | kathah tuwan alani | prajane kathah karêbut | dadya akèh kang susah | kêdhik kang tuwan bêciki | nuntên mirsa yèn paduka mêmungsuhan ||

28. ingkang sami manggih susah | sayêkti samya jurungi | puja mring Ramawijaya | angajêng-ajêng prasami | unggule ing ajurit | liring wong tinambung laku | tikêl prabawanira | jawata ingkang nêksèni | panjaluke kabèh wong kinaniaya ||

29. tinurut maring bathara | mila ta sri narapati | dewaji ratu kawula | kadang kawula sayêkti | dipun [dipu...]

--- 230 ---

[...n] santa ing budi | suwawi seba pukulun | ngaturna Dèwi Sinta | botên kasoran ing batin | dhuh pukulun dewaji jênêng paduka ||

30. malah ta mindhak luhura | ing jênêng paduka aji | winastanan wruh ing rêtna | ing praja kang kanan kering | sampun paduka kibir | dumèh gung danawa diyu | ditya tanpa wilangan | tur sami prawira sêkti | lan mêpêki gêgaman kapraboning prang ||

31. balane Rama Sugriwa | tanpa gêgamaning jurit | kabèh saisining wana | gunung jurang kali-kali | watu kalawan ardi | lan sakèhing kayu-kayu | kabèh dadi gêgaman | satêlase watu ardi | kuku lawan siyunge dadi gêgaman ||

32. kathah-kathah tur kawula | duk prang taman Soka nguni | pun duta sintên uninga | yèn ngangge gêgaman jurit | sêmantên wrating nguni | mendah gênêpa têtêlu | duta siji kewala | pinrih ing akèh tan kêni | sasolahe sayêkti dadi ngalamat ||

33. Si Bali sêkti kalintang | norangèl dènnya matèni | wong agung Ramawijaya | linêkasakên dewadi | bathara lan maharsi | sadaya mapulung-pulung | Narapati Sugriwa | pangratune lair batin | apratôndha yèn satuhunya nugraha ||

34. tan wontên pinanggih cipta | myang nayaka winayadi | asore Ramawijaya | amung unggule [ung...]

--- 231 ---

[...gule] pinanggih | nagri Ngalêngka mangkin | tan pinanggih unggulipun | amung sor kang kawangwang | tinon pinêrêsing budi | nora nana drêsanane yèn luhura ||

35. apan untu yèn utama | tinukar kalawan wêsi | apa margane unggula | miwah sinangsayèng gêni | panas sami manasi | yèn wêsi kalawan untu | sasôngka lan baskara | yèn pagut asor kang pundi | yêkti nora sora baskara sarkara ||

37. Dhandhanggula

1. jayaning surya kalaning ari | Ramawijaya upama surya | ing Ngalêngka lir wulane | paran marganing unggul | mila nuntên inggih suwawi | sowan mring Ramabadra | yèn lingsêm pukulun | kawula ingandikakna | amrih rapêt pan inggih botên beyani | sumiwèng Ramabadra ||

2. beya tuhu kewala wus dadi | mila-mila sangêt tur kawula | saking gêng ing trêsna bae | ing ratu kadang sêpuh | datan môntra anyênyampahi | ing kasêktèn paduka | mangkana Sang Prabu | Dasamuka langkung ewa | mring kang rayi dènnya sangêt turirèki | ngaturi asebaa ||

3. marang Prabu Ramawijayèki | aywa kongsi mangun jayèng yuda | Dèwi Sinta turna bae | mila duka jro kalbu | kawuwusa wau sang kaki | kaki sing ibu nama | Sang Sumali Prabu | buwah prabu [pra...]

--- 232 ---

[...bu] ing Ngalêngka | ramaning kang ibu Ni Dèwi Sukèsi | kaprabon sinung wayah ||

4. mangkya nama Bagawan Sumali | ditya santa budi ambêk darma | miyarsa lamun wayahe | mangkya awawan padu | Wibisana lan raka aji | dènnya diya-diniya | Sumali gya rawuh | ngaturan ing singangsana | mring kang wayah ngandika wau Sumali | kaki Prabu Rahwana ||

5. bênêr ature arinirèki | yogya pituhunên tan sangsaya | ring Nglêngka têtêp arjane | yèn wangkot sira iku | mring ature arinirèki | rusak praja Ngalêngka | idhêpku tan wurung | marmane sira anuta | iya maring ature arinirèki | Ki Arya Wibisana ||

6. iya dening Ramawijayèki | manungswa siji gêgamanira | pan amung jêmparing bae | têtapi yèn tumanduk | sirna balanira ing nguni | aywa kokira-kira | tan bisa prang mabur | kabèh iki kang buwana | pan wus anèng astane Sang Dasarati | kabèh rat pramusesa ||

7. nora angèl Ramawijayèki | akaryaa rusak ing Ngalêngka | iya pan sakêdhap bae | dandanan batin kumpul | para dewa para maharsi | samya karya upaya | nênggih têgêsipun | sungkawa ring solahira | pinrih rusak Ngalêngka sirnaa dening | Prabu Ramawijaya ||

8. liring [lir...]

--- 233 ---

[...ing] pakaryaning batharadi | dening sungkêming bala wanara | wirotama ing prang kabèh | lamun kongsia rawuh | ing nagara Sang Dasarati | apa kinarya tambak | yêkti rêmpak rêmpu | mulane ture rinira | lah turutên sebaa sira dèn aglis | ring Sang Ramawijaya ||

9. marmaningsun iya nêmbadani | maring ature Si Wibisana | wus akèh ucaping têmbe | kang karungu deningsun | pan Ragawa ya Wisnumurti | anjanma nèng Ngayodya | Dasaratasunu | apan yêkti Wisnubrata | dadya mangke sawarga prajurit sêpi | wus anèng madyapada ||

10. duk masihe nèng sawarga nguni | Bathara Wisnu mungkasi karya | anata gêgaweane | ing nguni Sang Hyang Guru | ya Si Wêrta namanirèki | mungsuhe Batharendra | digdaya pinunjul | Batharendra gung kasoran | tan tumama binraja miwah sakalir | kapraboning ayuda ||

11. datan ana ingkang miyatani | anggung kuwalahên Batharendra | Hyang Wisnu naguhi age | mati tinampak bahu | ana malih ditya linuwih | tan ana pêpadhannya | Mahraja Kasipu | tumpêk triloka tan ana | Janaloka digdayanira tan sipi | Mraja Kasipu nama ||

12. kulitipun pan saengga wêsi | balung waja tan ana tumama | gêgamaning [gêgama...]

--- 234 ---

[...ning] aprang kabèh | ditya danawa diyu | gêmpur kabèh miwah maharsi | kinarya lanang jagad | mring Bathara Guru | lami-lami kirang mêngsah | dadya dewa sadaya dèn obrak-abrik | rusaking Suralaya ||

13. datan ana tinolih ing bumi | iya saking patagihaning prang | isining donya wus êntèk | dewa dèn uwus-uwus | widadari dèn dêlajahi | sabên dina dèn rampas | gung dèn arubiru | Suralaya apuyêngan | dewa kêkês jawata bathara wiwrin | kabèh angungsi samya ||

14. mring Bathara Wisnu pinintan sih | ngukuhana mring dewa sadaya | saking pangoyok-oyoke | bêburu Sang Kasipu | Wisnu wêlas dene dèn ungsi | dadya amalih warna | Sri Bathara Wisnu | samana awarni singa | iya rane ngalih jêjuluk anênggih | Bathara Narasinga ||

15. tinandangan Kasipu ngêmasi | jajanira cinublês kanaka | datanpa sesa patine | kyating jagad Kasipu | ing patine tan angundhili | lan maning tawang ingwang | sorira kadulu | dene bawanira murka | nora nganggo sarjana ulah narpati | sukambêk goragadha ||

16. Ramawijaya mungsuhirèki | santa budi tamèng kasujanan | unggula sadhela bae | asor wêkasanipun |

--- 235 ---

wus turutên arinira glis | Dasamuka tan obah | kadya gunung watu | tinêmpuh angin ungkuran | têmah mutung mundur Bagawan Sumali | sigra Sang Kumbakarna ||

17. dangu dènira nitèn-nitèni | prakarane ari Wibisana | ingucap-ucap suwene | sor ungguling prang pupuh | sari-sari ing ujar tuwi | mamrih arja kaarjan | wêkasaning laku | laku-lakune rèh tama | utamaning ayuda rièng narpati | angabêni jayèng prang ||

18. agya wungu saking gèning guling | wau sira Arya Kumbakarna | margêgêg anèng ngarsane | ing Dasamuka Prabu | gêrêng-gêrêng bêkuh dènnya ngling | hèh kaka Bumiraja | pagene sirèku | tan anut panggawe arja | nadyan anom Si Wibisana undhagi | gunawan mardikèngrat ||

19. durung tumon kang pinrih ing bêcik | mring kadange budi kasujanan | ya ginawe tanpa gawe | pan wicaksana putus | Wibisana wiweka niti | pantês yèn tinuruta | ing satuturipun | nora nistha nora papa | Wibisana wruh ing rèh prabu sayêkti | wênang yèn dèn anggea ||

20. Sang Widagda ature tinampik | têka nora nana kang dèn ambah | mrih ratu kaluhurane | amung ala ginugu | kang baskara ginawe matis | côndra ginawe [gina...]

--- 236 ---

[...we] panas | apa kang tinêmu | pan ature Wibisana | mung têtêpe karatonira sayêkti | ecaning kadang warga ||

21. awèta mung dèn aub-aubi | atulusa siniwakèng bala | aywa owah kaprabone | têtêpe mangan nginum | kulub-kulub mêrdu wêwangi | saha bala sagotra | tuwuk-tuwuk wuduk | nora asor amêmitra | lan sêsama-samanirèng narapati | pan Arya Wibisana ||

22. solah asor ungguling ajurit | wus kawruhan wênang pitutura | tinurut pasthi arjane | paranta kaka prabu | krura bae kang dèn kayuni | rahayu kasujanan | tan môntra rinungu | margane nora bojoda | ing Ngalêngka kaka prabu nora apti | laku raharjaning rat ||

23. yèn nuruta pratingkah kang yêkti | kanggo ature Si Wibisana | lah iya ngêndi mungsuhe | yèn liya mungsuh iku | aku bae adunên jurit | têka mangkruk-mangkruka | bae nèng kadhatun | dèn jênak angenak-enak | yèn mangkene êndi ana narapati | kudu angajak rusak ||

24. dhuh prabuku kaka mungsuh iki | ambêg sujana aparikrama | niscaya tustha èsthine | ing paranira putus | tututana bêcik sayêkti | suka datan runtika | jêr sukèng rahayu | yèn kudu [ku...]

--- 237 ---

[...du] linawan tukar | nora wurung ing Ngalêngka bosah-basih | Dasamuka tan obah ||

25. gèdhèg-gèdhèg basêngut macicil | Kumbakarna wangsul ênggènira | paseban alêt kêlire | ambruk anulya turu | Wibisana umangsah malih | nêmbah sarwi ngrêrêpa | turira lon arum | kasor kilang munggèng gêlas | dhuh prabuku kadangku tuwa sayêkti | dhaharên tur kawula ||

26. pundi wontên kados padukaji | ratu agung abala santana | rinêksèng para kadange | tinunggu ngeyang ibu | lah ing pundi mêngsah sang aji | liyan Bathara Rama | ing rat kabèh nungkul | Narpati Ramawijaya | lah angkuhên tuwanggana guru nadi | tutug sarèh paduka ||

27. solah-solah paduka kang bêcik | nadyan ngêlarat pramudita |Kurang satu suku kata: nadyan ngêlara rat pramudita. mêmintaa pangèstune | dadi barang sakayun | meman têmên paduka aji | kakarya kasusahan | ing eyang lan ibu | myang kadang-kadang sagotra | kang ingarsa-arsa têtêpe sang aji | langgênge siniwaka ||

28. Dasamuka basêngut mabêngis | Wibisana tan arsa mundura | malah angangsêg ature | dhuh kaka prabuningsun | tumoliha asihing dasih | eman praja Ngalêngka | dadi karang tunu | katingal jroning ngalamat | yèn paduka tan arsa ing rèh kang yêkti |

--- 238 ---

rusak bumi Ngalêngka ||

29. sajêg dèrèng kawula ningali | lêbu amêlêk naputi pura | lêbu akêdhik puhane | Bathara Baskara gung | akalangan-kalangan gêtih | mangkya praja katingal | abang sêmunipun | dhèdhètnya munya rahina | gêtêr kêtug andaru kèh tibèng siti | ngatag pralaya têka ||

30. anggung lindhu bumi gonjang-ganjing | banaspati kèh katon rahina | anggung prahara gorarèh | mêlêg maring kadhatun | buron alas ngungsi nagari | gumrubyug salang tunjang | asalah pandulu | Ngalêngka wus katon wana | lan gumuruh sato manjing jroning puri | manuk muni karuna ||

31. wus têtela rusak padukaji | lamun botên inggih nututana | sumiwèng Prabu Rama ge | sayêkti manggih ayu | datan wontên sangsayèng aji | aturna Dèwi Sinta | dèn inggal pukulun | sira Prabu Dasamuka | sumung-sumung miyarsa ature rayi | ambêg yuda kanaka ||

38. Pangkur

1. muntab akrodha Rahwana | brakuthu marêngut winga mawêngis | jajanira kadi murub | kadi rah kang sarira | lir tinêpak bêngis pangandikanipun | hèh Wibisana minggata | nèng Ngalêngka apa kardi ||

2. tan mari angajap ala | durniminta papa bae karêpi | mung Rama bae ginunggung | Dasamuka [Dasa...]

--- 239 ---

[...muka] cinacad | mung sêktine Ramabadra kang dèn wuwus | sêkti ngong ginawe ora | gêgêdhêgi anèng bumi ||

3. Si Rama bae mênanga | Dasamuka kalaha ing ajurit | tuhu dhusthamu amuput | godhong aking kêlêma | anèng banyu lawan watu itêm timbul | iku manawa sun kalah | aprang lan Si Dasarati ||

4. lah iki tetalaningwangtêtelaningwang. | alanira kalingan wus katitik | duk ing nguni ana mungsuh | iya tan pisan-pisan | milu mangsah nyanaku saking bêk wiku | marmane lumuh apranga | naraka dhik kokarêpi ||

5. apa karyamu nèng Nglêngka | nalutuhi êndhog pamanirèki | pêputih kabèh sanakmu | sira dhewe sumêlap | kêkuninge êndhog gawe nora patut | sapa arsa ngawulakna | anggung mêmirang ing mami ||

6. patimu dhustha naraka | tuhu-tuhu asihing mungsuh mami | pira sukane uripmu | kudu asih ing mêngsah | wus maringa nunggala wanara lumut | duk kobong kadhaton ingwang | sira tan duwe prihatin ||

7. tandhamu cêmêr kewala | wusnya mojar Dasamuka sira glis | saking palôngka tumurun | nudingi sigra dhupak | wadanane Wibisana kang kapagut | gonjit palungguhanira | nora rêbah maksih linggih ||

8. Dasamuka wangsul lênggah | nguman-uman [ngu...]

--- 240 ---

[...man-uman] srawehan manudingi | Sang Arya Wibisanèku | mèsêm tyase tan owah | pêputuse kasujanan kang winêngku | suka bungah yèn dèn ina | ginitika angowahi ||

9. tuhu kang tyas pinasthika | Wibisana ulat misih mêmanis | wagêd angunjara nêpsu | yèn iku ngladènana | nora asor kaprawiraning prang pupuh | nora kalah bôndawala | apan tuhuning ajurit ||

10. marêngut kucêm pan ora | tuhu kang tyas apindha jalanidi | êninge rêmbês ing tutuk | santi kang kinêkêsan | nora kèndêl maksih ngrêrêpa umatur | dhuh nata sampun mangkana | sudanên tyas anggung runtik ||

11. saèstunipun kawula | yèn tumuta ature pra dipati | ngajap dadining prang pupuh | punapa ta tan trêsna | lêbur luluh kadang mêkatên pan tumut | yèn sampun lêrêsing lampah | pra dipati darma jurit ||

12. luput lêrêsa punika | pra dipati awis purun ngaturi | manawi amanggih bêndu | yêkti badan kawula | awon pênêd môngsa ajriha pukulun | yèn paduka anggung duka | lah inggih ta kadipundi ||

13. tan wontên kadi paduka | botên bobot ujar kang ala bêcik | laku bênêr laku luput | sayogya tinitenan | lir wong sakit arangkang purun [puru...]

--- 241 ---

[...n] anginum | ing jêjampi tômba-tômba | aras-arasên pan pait ||

14. tur iku yèn dèn inuma | nadyan pait sayêkti amarasi | wong sakit wêtêng puniku | suka mêmangan rujak | nadyan rusak wêkasane nora ketung | jamu kang karya pakenak | nora-nora dèn karêpi ||

15. botên ta saking duryasa | kadi kang wong dodolan ula mandi | sapele pakenakipun | upama cinokota | langkung dene datanpa damêl puniku | kadya wong mêng-amêng macan | pinrih sukane akêdhik ||

16. upama yèn kinêraha | nora patut suka lan dukanèki | makatên lire pukulun | padukamèt Sang Sinta | kêdhik têmên pinrih ing pakantukipun | kasusahane anggawa | nagara lan wong sabumi ||

17. sagung punggawa punika | samya darbe pikir makatên ugi | nanging ta ajrih umatur | Dasamuka lingira | nora nana wong kang bisa cêcalathu | pan amung Si Wibisana | ambêkuh sarwi nudingi ||

18. Wibisana matur nêmbah | dhuh pukulun yèn jênênging narpati | atilar kramaning ratu | tan wande karusakan | arêp wruha ingong ing wêkasanipun | wus katon sajroning cêtha | rusake Ngalêngka benjing ||

19. Wibisana amit nêmbah | lèngsèr saking ngarsèng [ngar...]

--- 242 ---

[...sèng] raka narpati | prapta sajawining pintu | panggih lan balanira | winartanan kalamun tan arsa kundur | tinundhung marang kang raka | sagung wadyanira sami ||

20. samya sih tumut sadaya | saparaning gusti tan nêdya kari | Arya Wibisana sampun | anapak jumantara | saha bala gumuruh saengga mêndhung | wus tilar nagri Ngalêngka | lampahe mêdal wiyati ||

21. lan sagung punggawanira | sawadyane punggawa datan kari | kunêng gantya kang kawuwus | Prabu Ramawijaya | nèng Maendra lawan sagung wadyanipun | anggung onêng mangunêngan | katongton Putri Mantili ||

22. anggung wuyung kawuyungan | ingkang rayi Lêksmana mangundhati | dadya emut priyanipun | madêg tyas kasatriyan | antuk sare Prabu Sugriwa atunggu | lan sagung punggawanira | ya ta kawuwusa enjing ||

23. narpati putra pan lagya | pagunêman Sugriwa munggèng ngarsi | miwah ri Lêksmanasadu | pra dipati wanara | aglar munggèng ngarsa kanan kerinipun | miwah wre sadaya sumyar | asaos ngarsaning gusti ||

24. Raja Putranggada lawan | Bayuputra Anila munggèng ngarsi | Kapi Jambawan tan kantun | kapat samya kêparak | ing wurine Sata Bali Indrajanu | Susena miwah Winata | Wisangkatha lan Putaksi ||

--- 243 ---

25. Anala Gôndamadana | Bimamuka Kardana Gawayèksi | Darimuka Gawayèku | Wrêksabala Druwenda | lagya eca gunêm wong agung katêlu | bala wre ingkang ajaga | munggèng têpining jaladri ||

26. tumingal ing awang-awang | kadya mêndhung danawa ing wiyati | wanara gègèr gumuruh | narka yèn Dasamuka | samya mêre wurahan umèb kumêbul | sami lumajêng tur priksa | mring wre kang para dipati ||

27. katur lamun Dasamuka | ngirid bala dhêdhêt munggèng wiyati | wre punggawa nêmbah mundur | gumêrgut samya kirab | Dasamuka alah linurugan rawuh | gurnita bala wanara | umung lir manêngkêr langit ||

28. wong agung katiga samya | amiranti tan obah dènnya linggih | Sugriwa Lêksmanasadu | Risang Ramawijaya | Radèn Bayutênaya sigra umabur | mêmariksa yêktinira | mungsuh Rahwana kang prapti ||

29. praptèng gêgana umiyat | rêksasa gung pinandêng kang dèn iring | punggawane kang kadulu | mèngêt-èngêt Anoman | lamun Wibisana kang ngirid ditya gung | nungsung guyu-guyu samya | Anoman suka tan sipi ||

30. ing nguni wus kauningan | lamun Wibisana matur nangisi | duk nalikarsa tinunu | marma suka kalintang | Wibisana [Wi...]

--- 244 ---

[...bisana] nutur solah mulanipun | milane tilar Ngalêngka | mimiti malah mêkasi ||

31. Anoman suka kalintang | pinalaku kature sang siniwi | myang ing satya bêktinipun | Anoman pan tumanggah | sigra niyup ingirid sabalanipun | sagunge bala wanara | kang arsa umangsah jurit ||

32. kabèh samya sinapihan | mring Anoman dadya kèndêl prasami | kumrutug samya dêdulu | mring danawa kang prapta | dhêdhêt munggèng satêpining samodra gung | Anoman praptèng ngajêngan | umatur saha wotsari ||

33. pukulun atur uninga | ditya ingkang burêng anèng wiyati | kang tinarka mungsuh rawuh | dede pun Dasamuka | Wibisana kang prapta sawadyanipun | gunawan mahardikèngrat | ambêk santa sadu budi ||

34. budimanta tyas pasthika | manikanta mila tilar nagari | tan kangge ing aturipun | dhatêng pun Dasamuka | samudana winastanan aturipun | gêgendholi sêdyanira | sampun angabêni jurit ||

35. Dèwi Sinta aturêna | mila datan kangge saaturnèki | tinundhung mring kadangipun | inggih pun Dasamuka | kudu-kudu angabêni ing prang pupuh | mila Arya Wibisana | ngungsi paduka mrih yêkti ||

36. wong agung Ramawijaya | duk miyarsa Anoman [Ano...]

--- 245 ---

[...man] turirèki | mêmawa suka kalangkung | miyarsa yèn Gunawan | Wibisana budimantanira putus | kawicaksanan sarjana | ambêk santa martèng budi ||

37. dhasar Sri Ramawijaya | wus pakartinira budya marta sih | apanggih samyambêkipun | nadyan misih mungsuha | yèn lumaku srah jiwa pasthi kinukup | pantês yèn dèn êla-êla | mangkana kinèn nimbali ||

38. Marutasuta umêsat | prapta ênggon Sang Wibisana nganti | dhinawuhan kerid sampun | praptanirèng ngajêngan | gya ingawe umangsah nungkêmi suku | ature katur sadaya | sukambêk Sri Dasarati ||

39. kapracaya praptanira | pinarcayan dènirambêk basuki | wus kinèn anunggil lungguh | lawan Prabu Sugriwa | miwah Radèn Taruna Lêksmanasadu | nalika parêng ubaya | ombak lawan angin-angin ||

40. têdhuh jaladri tan ombak | miwah angin manuk tan ana muni | samya kèndêl lampahipun | marahkên nêmu suka | yayah kadya nêksèni patêmonipun | Sang Ragusuta Wijaya | lan Wibisana mantêsi ||

41. dènnyantuk kondhang utama | nunggal budi dènira sadu budi | abipraya sabiyantu | moring manik pasthika | Wibisana lir tinetesan tyasipun | ing tirtamarta utama | lir manggih rêtna sawukir ||

--- 246 ---

42. myang Ragusuta Wijaya | trêsnanira tan pae lan ri kalih | Sugriwa Lêksmanasadu | katri sinama-sama | wus mangkana kunêng kang wus mitra kukuh | lan prawara Wibisana | nglêkaskên upaya sami ||

43. mangangên-angên ta sira | Ragutama mèpu tyasira wingit | ngêndi baya marganipun | mêntas maring Ngalêngka | iya aja kongsi kari wadyaningsun | wre dibya bisa ngambara | wre dama sri nata kari ||

39. Sinom

1. wong agung Ramawijaya | mangunêng tyas tan pinanggih | tan ana wênganing driya | dene kalangan jaladri | èngêt pandhita nguni | Sutiksna Yugi turipun | besuk pan kalampahan | angadoni jayèng jurit | mring Ngalêngka sêdhih kalangan samodra ||

2. ingikêt-ikêt tan ana | binudi-budi tan budi | langkunga mêrdi wardaya | mêksa tan ana pinanggih | mêtêk tyas angranuhi | dènnyonêng ing garwanipun | margine datan ana | kang liya saking jaladri | tyasira ge praptaa nagri Ngalêngka ||

3. dadya tyas andiwangkara | manaput praptane runtik | têmahan wêdharing duka | tan lyan maring jalanidi | tan ana margi malih | samodra tibaning bêndu | angadêgakên langkap | pinasang kêndhênge aglis | dyan pinênthang wau kang gandhewa dibya ||

4. pan anggung ingayat-ayat | kang

--- 247 ---

waja anggung ginigit | nolih ngering nolih nganan | ringas pasuryane kalih | gênjot padoning lathi | soring jôngga latu-latu | bahu kêtug cancala | purnama mênthangirèki | linêpaskên bramastra tibèng sagara ||

5. murub sanjata dahana | amblêse muntab mawêrdi | kumêtêr rèh prakampita | bumi wukir oyag gonjing | jaladri molak-malik | mina puyêngan sumawur | gugup amêgap-mêgap | saya sru panasing warih | kasangsaya kabèh isining samodra ||

6. kaburu dening kang panas | balisah pating balêsih | tanbuh parane ngungsia | nusup-nusup amrih atis | tan ana antuk atis | saparan-paran pratunu | gègère apuyêngan | wuyungan kang mina alit | mawur-mawur katawur sumyur nèng parang ||

7. sumirat bang sumamburat | karang lir dèn busanani | mina lumba lumba lumba | lumba yarsa mamrih atis | mina tuli tan tuli | mina bang tulus tan tulus | mina pêsut kasrakat | utêknya nèng tutuk mijil | lir rinêngga karang bang kaplatuk pêthak ||

8. urang kasurang karangkang | pêsut pêsat kapalêsit | pisêk sangsara sasaran | rêmak-rêmuk cacal picil | têbêng cacal kacuri | cicir muncrat ajur mumur | pênyu trênyuh marênyah | nyunyur kang blanak kablênik |

--- 248 ---

mina putêk nèng latêk kapêtêk pêjah ||

9. rumohan arêruhunan | nèng karang kang urang aking | wuyung dhayang dhêdhayungan | gêtêm-manggêtêm mrih matis | dhiwas kawawas mati | layar awor uwur-uwur | mapulung lung-ulungan | julung-julung ajêjiling | kêthèn yutan mina sajroning samodra ||

10. panah putus anêratas | tumêtês dhasare warih | naga gêng basuki singsal | kontal katampyal ing agni | murub amblês ing bumi | lir ginodhog samodra gung | jwalanira gumêbyar | kadya surya satus manjing | anuluhi ing sagara aruhara ||

11. ambalasah kasusahan | rusak jroning kang jaladri | kombak kang alun lumembak | mung nagaraja basuki | kèsis kasampar dening | bramastra muntab tumunu | owah pucuking arga | kadya rug kagiri-giri | mega mulêk ulêkan mêlêg gêgana ||

12. barang gon katon walikan | maliwêr kang kilat thathit | gumuruh naga malajar | anjujur pêgat kang pêthit | gurnitèng jalanidi | gambira gora gumuruh | warnanên Sang Baruna | munggèng singangsana manik | lagya têtêp gonjit palayune naga ||

13. kagyatira Sang Baruna | gègère puranirèki | munggwing madyaning samodra | sandeya Baruna mijil | parêng mulat ing

--- 249 ---

jawi | kadi surya tibèng ranu | aruharaning kang rat | kumêtêr ciptanirèki | ana paran samodra iki wurahan ||

14. mêdal jawining samodra | Baruna ika ningali | agêbèl bala wanara | ayutan makêthi-kêthi | prasamya nêningali | nèng têpining samodra gung | bêntêt matitip atap | dangu-dangu aningali | mring wong agung Ramawijaya alênggah ||

15. Lêksmana lawan Sugriwa | Wibisana munggèng ngarsi | miwah wre kang pra dipatya | jibêg ngayap munggèng wuri | Ramawijaya maksih | angasta gandhewanipun | garjita Sang Baruna | iki kang krodhèng jaladri | sigra mangsah mring ngarsane Ramabadra ||

16. makidhupuh dènnya lênggah | munggèng saluhuring warih | nêmbah matur angrêrêpa | hèh prabu paran marmèki | dêduka mring jaladri | punapa lire pukulun | langkunga sapunika | kadi yèn botên kawawi | miwah lamun samodra kongsia asat ||

17. apan saisining jagad | saking paduka môngka wit | yogya paduka rumêksa | mrih ayu amituturi | punapa tuwan lali | kêlamun janma pinunjul | liring kang rat sadaya | tuwan tinitah narpati | satingkahe bawana tuwan kang molah ||

18. samodra lamun asata | tan kenging dadosa margi | pan angèlipun kalintang | kathah jurang [ju...]

--- 250 ---

[...rang] kathah wukir | rêrêgêd parang curi | wana gêng lan lesus-lesus | inggih wontên pêpanas | kadi dharatan manasi | sampun dalih asrêp salêbêting toya ||

19. sawarnine kang tumitah | sadaya tumut prihatin | jêr paduka Narayana | mila manjanma ing bumi | kinèn rumêksa yêkti | isining jagad sawêgung | wênang angilangêna | kang doracara ing bumi | lah punapa gunane toya satêna ||

20. sagung wre yêkti kasrakat | marganana ing jaladri | môngsa sagêda umêntas | saking angèle tan sipi | tuwas mati makêthi | mayuta-yuta pukulun | mina tanpa wilangan | risake isining warih | sintên ingkang kecalan inggih paduka ||

21. wontên ardi sa-Malyawan | inggih lêbêting jaladri | kathah ulam kadi liman | ingkang pinôngka karikil | lah sampun-sampun gusti | sampun katongton pukulun | ing rèh molahkên ing rat | ing tri buwana kang yêkti | sakayunta inggih ta môngsa sandeya ||

22. atagên wanara bala | sadaya mundhuta wukir | uruna satunggal-tunggal | sagung wre sayêkti dadi | tambakên kang jaladri | ing watu lan gunung-gunung | dadi sakarsa tuwan | sadaya punika sêkti | datan wangwang dadi sètubandat buta ||

--- 251 ---

23. yèn ing pituduh paduka | punapa kinarsan dadi | sêktining bala wanara | pintên wiyaring jaladri | apan upama kali | mung sakilan wiyaripun | lan sida sakarsanta | angadoni jayèng jurit | wignyaning prang brastha satru kalamurka ||

24. jêmparing tuwan sajuga | pinôngka dahana dadi | murubing bala wanara | bajra pine ngangin-angin | ing Ngalêngka sayêkti | syuh brastha basmi katunu | sirnane murka dama | ing têmbe jaya-jayanti | èstu jaya Wisnu Brata Narayana ||

25. kunêng ture Hyang Baruna | jawataning kang jaladri | trustha Sri Ramawijaya | sinêmbah pinintan urip | wlasa isining warih | lir sinapon dukanipun | mênthang sanjata toya | bramastra kang dèn sampuni | wus lumêpas tibèng jaladri we astra ||

26. sirêp wau kang bramastra | katiban sanjata warih | mulya isining samodra | sukambêk sang naga bumi | saisining jaladri | kang kênèng bramastra wau | mangkya mulya sadaya | tan ana kalong satunggil | kabèh suka muwah-muwah lêbda jiwa ||

27. sawusnya urip sadaya | mina wutuh mulya nuli | Hyang Baruna amit nêmbah | mundur ngêlêm ing jaladri | suka satriya katri | Sugriwa Lêksmanasadu | mya Arya Wibisana | mulat Baruna wotsari | ngandika

--- 252 ---

lon wong agung Ramawijaya ||

28. yayi Sugriwa dèn inggal | atagên wre ngambil wukir | miwah watu sela tala | Sugriwa gya marintahi | sigra wre pra dipati | mêsat saha balanipun | mibêr ana kang dharat | angupaya watu wukir | kadya guntur swaraning bala wanara ||

29. ana ngulon ana ngetan | angalor kang dèn parani | kadya samodra ruhara | sapraptanira ing wukir | amrih suka mêmilih | watu-watu gunung-gunung | krura sadaya mangkrak | tan pae lan magut jurit | krodhaning wre kang samya nêpak prabata ||

30. ananusuk ing kanaka | ana kang dhupaki sikil | arga rugên tar kasingsal | gumuruh gurnitèng ardi | wre singa nabdanjrihi | isining wana katawur | anon solah myang swara | lir gora manêngkêr langit | wre pralêbda mêdalakên kasudiran ||

31. wurahan sato busêkan | kumêrab amrih angungsi | jurang-jurang guwa-guwa | kênas lumayu sarimbit | anake kèh dèn indhit | cinangking ana pinanggul | nusup-nusup mring arga | manik maya kang dèn ungsi | giris mulat solahing bala wanara ||

32. liman lumayu sasaran | limang puluh rêbut dhingin | nêdyadus ngungsi talaga | talagane dèn parani | dening wre

--- 253 ---

kang ngulati | ing watu lan gunung-gunung | liman akarya gêlar | eca dènnya ngasah gadhing | dyan kinêpung dening wre nêdyambêbeda ||

33. dyan nunut lumayu samya | mring sato kang alit-alit | tuhu tan ana budinya | lumayu lan sato alit | sêparane kêtawis | nora bisa nusup-nusup | suka wre kang tumingal | ana kaprêgok kasupit | gajah nambuh angêlêm sajroning toya ||

34. munggèng sasêlaning sela | sela itêm kang angapit | ana wit pandhan ngrêmpayak | godhonge ngêbyuki warih | mênêng angampêt uni | môngsa wruha ciptanipun | dening amoring sela | môngsa konangana mami | gadhingipun ingakên suluring pandhan ||

35. wre mèsêm ing solahira | prayoga solahe wingit | satêngah ana dipôngga | ing wana rêgêd ingungsi | tur iku wus prayogi | angungsi ngêdohi gunung | tyase maras tan eca | manawa sinasak mangkin | palayune narajang obong-obongan ||

36. kêbarongot ginjal-ginjal | anggêbras susah kaswasih | nunut anglumpuk ing lêbak | sato alit kèh katindhih | akèh pating karêmpis | budi kang mangkono iku | lara angajak-ajak |

--- 254 ---

iku budi luwih nisthip | lah ta tuhu datan ana budinira ||

37. ing lara kalawan arja | saking budine pribadi | wau ta bala wanara | kèh solahe ngambil wukir | ana kang dèn karoni | ana sinôngga tatêlu | ana kang kinapatan | gumuruh awira-wiri | praptèng pinggir samodra sèlèh sarkara ||