Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 75-91)

Katalog:Rama, Yasadipura I, 1923, #832
Sambung:
1.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 01-13). Bahasa dan Budaya | Wayang #1090.
2.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 14-26). Bahasa dan Budaya | Wayang #1091.
3.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 27-39). Bahasa dan Budaya | Wayang #1092.
4.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 40-54). Bahasa dan Budaya | Wayang #1093.
5.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 55-74). Bahasa dan Budaya | Wayang #1094.
6.Rama, Yasadipura I, 1923, #832 (Pupuh 75-91). Bahasa dan Budaya | Wayang #1095.

75. Sinom

1. sapêjahe Dasamuka | pêtêng dhêdhêt angin-angin | anggarubuh gula dupa | sumawur saking wiyati | lan sagung wangi-wangi | kumukus kumêpyur arum | sagung para jawata | suka ngêsorakên sami | samya ngigêl munggèng luhur madyantara ||

2. kèh katon mukaning dewa | tapake datan kaèksi | dènnya sêsanti wus jaya | jayane sang jayèng bumi | kombang lumrèng wiyati | mêmara marih rum-arum | wau Sang Wibisana | duk pêjah Yêksa Narpati | malayoni nungkêmi padaning raka ||

3. Sang Gunawan Wibisana | angarang tikbra nêkani | pasuking tyas kamanungsan | luhnyandrês karasèng galih | sêsambat amlas-asih | dhuh kadang ingong satuhu | Buminata Ngalêngka | dulunên ta sêmbah mami | arinira Si Gunawan Wibisana ||

4. kaka prabu aksamanta | atur ingsun nguni-uni | sakêcap tan ana salah |

--- 426 ---

ing mêngko kabèh pinanggih | papa têmahan pati | patine amurang laku | laku murka dursila | silane kang dèn ugêmi | pêksa mungsuh risang paramartèng jagad ||

5. jagad juga tanpa sama | Narpati Rama sayêkti | sêsotya rêtnaning jagad | amumpuni jayèng bumi | mimiti anguwiti | ing bumi Bathara Wisnu | baboning sabuwana | barang tumitah kumêlip | datan liyan mijil Si Wisnu Bathara ||

6. Ngendraloka Janaloka | mung Wisnu nuragèng bumi | bumi langit angin mega | wukir-wukir jalanidi | jurang lan kali-kali | alas lan saisinipun | lintang baskara wulan | tan lyaning Wisnu murwani | nadyan sukêt garinting lan kalamênta ||

7. sangkane ana tumitah | Wisnu babone sayêkti | ing mangkya angejawantah | têka wani ngajak jurit | tinuturan wêwêdi | sakèhing atur katawur | upama ta nêmbaha | wuwuh karatone luwih | sangsaya gung gunggunge praja Ngalêngka ||

8. mung murka ala kewala | ambêke ingkang ginati | mung ewuh makewuh lampah | iku kang dèn kaluwihi | tan ana guna malih | amung durmala pinuwung | suka mring siya-siya | puha-puha ambêk julig | liwat-liwat aturku amrih raharja ||

9. karya ngong wêlasing jagad | prabu [pra...]

--- 427 ---

[...bu] kadangku sayêkti | siya-siya maring jagad | isine dèn obrak-abrik | pangrasane tan kêni | ing bilai lara lampus | dhuh ah ah kadang ingwang | liwat sêdhih ngong ningali | dene iya patine pati druhaka ||

10. êndi rupane punggawa | kang matur angkara budi | tan lyan kadang amrih arja | têtêpe karatonnèki | budi sikara budi | lah iki pinanggihipun | patine anggêgawa | mati salah-salah sami | salah kabèh patining druhakèng dewa ||

11. mangke têtêp kalampahan | nampik ing atur sayêkti | yèn ta nguni ginugua | sagunging atur sayêkti | pantês awèt ing urip | ing karaton luwih luhur | Narpati Ramabadra | sêmbahên akunên yakti | tuwanggana sasat kaki binathara ||

12. duk padha apagunêman | kang padha paitan yêkti | tan ana ginawe rasa | gêmpur panggawe kang bêcik | iki ta kang pinanggih | wong kadêrêng kudu bêrung | darung kasurang-surang | tan ana panggih basuki | wong sineba tan ana rèh kasumbaga ||

13. anasabana bêbaya | ingkang bêbayani bumi | sabdayu tindak raharja | kaluruhaning kang pinrih | kakinta mituturi | miwah wêwêlinge ibu | padha kinèn nêmbaha | mring wong agung Dasarati | padha dewa pan iku Dewa Musthika ||

--- 428 ---

14. sagung bupati kang guna | guna wiweka undhagi | dene tan ana kinarsan | ngêndi ana narapati | nora nitèn-nitèni | maring laku iya dudu | biru dèn gawe abang | abang ta dèn gawe kuning | nadyan kêna môngsa dadia mas kentar ||

76. Maskumambang

1. ingkang dudu pênggawe-pênggawe nguni | agawe mirungga | pangrasane luwih bêcik | tan wruh kakêmbanging rusak ||

2. dhuh kadangku liwat luwih karya sêdhih | patining narendra | têka nora amrih bêcik | ing mêngko akarya susah ||

3. ngandêlakên aji pôncasonanèki | êndi toging karya | pangrasane luput pati | dene ta datan kadia ||

4. dhuh putrane si ibu putuning kaki | anake si bapa | têka murang krama iki | pan si bapa pandhitarja ||

5. amumpuni paramarta sadu budi | sênadyan butaa | kaki Bagawan Sumali | iya tyase pinandhita ||

6. kudu-kudu angalap Putri Mantili | kêsêl atur ingwang | pira-pira kang malangi | siji tan ana dhinahar ||

7. ngêndi ana tan kandhêg tuture kaki | pan ing jaman apa | bôngga pituturing kaki | warahing ibu pinugal ||

8. pangrasane sanajan ibu jêr èstri | pitutur kaarjan | sênadyan ta ibu èstri | jêrku trahing witarêdya ||

--- 429 ---

9. kocap anggung papa pira kang pinanggih | bôngga ing wong tuwa | tan pantês madêg narpati | nora pantês pêparentah ||

10. sangsaya sru Gunawan dènira nangis | Arya Wibisana | katut kulit kêna daging | katut otot balung darah ||

11. dhuh kadangku patimu pati rasêksi | dene nguni padha | puruhita basa luwih | mati maria rêksasa ||

12. ah ngong matur panggawe awèt basuki | têka anggung galak | tan pinirsa tutur bêcik | dadak dêduka andhupak ||

13. parandene mêksa matur kongsi ail | trêsnaning kêkadang | aja katêkan bilai | bilai gêgawa bala ||

14. ah ah adhah kadangku tuwa sayêkti | pagene ta wuta | tuli-tuli tanpa tali | mung ala katula-tula ||

15. lagi tumon wong kudu nêdya bilai | gampang tanpa srana | malah kêdah dèn karêpi | jêr basuki nganggo beya ||

16. cacad têmên kakang prabu sira iki | saarda-ardanya | dosanira amratani | mring sakèhing wong atuwa ||

17. maring bala maring langit lawan bumi | mring isining alas | miwah isining jaladri | kabèh padha pinadosa ||

18. Sang Gunawan Wibisana dènnya nangis | danguning sêsambat | kalangkung marma ningali | wong agung Ramawijaya ||

--- 430 ---

19. kadya ngungun ambelani kang prihatin | Lêksmana Widagda | myang Sugriwa Narapati | dhêdhêp tan ana ngandika ||

20. myang bala wre kabèh tan ana cumuwit | dhêdhêp sapayudan | nadyan mega lawan angin | mênêng tan ana lumampah ||

21. kadi milu jêtung ingkang bumi langit | baskara kêlaran | sirêm-sirêm wêtu riris | wong agung Ramawijaya ||

22. tinon sampun adangu dènira nangis | Sang Ramawijaya | aririh dènnya marani | mring Gunawan Wibisana ||

23. lan Taruna Lêksmana lan Sugriwaji | Anoman Anggada | prasamya mèlu mêrpêki | nèng pungkurira narendra ||

77. Pangkur

1. Narpati Ramawijaya | angandika kadi angarih-arih | hèh Wibisana ta uwus | aywa prihatin dahat | Dasamuka pan uwis manggih linuhung | narendra mati ing rana | wus punagi nguni-uni ||

2. apan iya Dasamuka | wus amangun ing kautaman nênggih | karana gagahing ratu | kacakra wartèng jagad | nora mingkêd ing wacana wus kawuwus | tan surud ing rananggana | kautamaning narpati ||

3. nêtêpi patining raja | aprang rame nutug sagêlarnèki | ing aprang agung angamuk | amrih ayuning bala | iya amrih karusakane kang mungsuh | wajibing [wa...]

--- 431 ---

[...jibing] ratu rumêksa | balane mênang ajurit ||

4. ing mêngko Si Dasamuka | balanira kabèh rêmpu ing jurit | punggawa satriyanipun | rêmak ngasmarèng laga | Si Rahwana anglabuhi lara lampus | uwus tan ana cinacad | patining ratu sayêkti ||

5. luhung ta prasêtyakêna | tanpa tuwas yèku sira tangisi | pancakanên mring patunu | atêrna mring kamulyan | malar-malar nêmua apurèng lampus | mungguh Hyang Jagad Pratingkah | amanggiha swarga adi ||

6. kagyat Arya Wibisana | wungu nolih dhêku ngarsaning gusti | bukuh misih sênggruk-sênggruk | anut kang pangandika | angêjèpi marang ditya wadyanipun | prapta angatêri wrêksa | aking lênga lawan agni ||

7. tinunu wangkening raka | kalih wus pinujan dupa sêmadi | kumutug kukus kumêlun | minantran sampun sirna | wangkenira ingkang raka kalihipun | sinêksèn Bathara Rama | narpati ngandika malih ||

8. hèh Gunawan Wibisana | sira ingkang madêga narapati | NgalêkaNgalêngka. gumantya prabu | siniwi ing rêksasa | prabawanta mardikèng bawana nulus | kêrtarta mumpuni guna | wiweka asih ing dasih ||

9. pulihna praja Ngalêngka | rahayune payunên waluyaning | rêksasa kèh mudha punggung | lumrah ati durjana |

--- 432 ---

undhangêna ngalapa ing rèhirèku | wênang anut marènana | tingkah kang murka ing bumi ||

10. ngêntèkna pituturira | ing bêcike sasolahing prajadi | apan ta sira pinutus | ing susela tan kurang | ing wiweka norantèk ing krama tuhu | dèn tata yayi yèn sira | pitutur amarentahi ||

11. mring balanira sadaya | barang ing rèh mriha panggawe bêcik | amrih utama tinêmu | aja atinggal sarat | iya wajib sarat wong arsa pitutur | dhèwèke anêtêpana | dèn panggah dèn anglakoni ||

12. yèn sira wus kêlampahan | angrawuhi kalawan anêtêpi | tan angèl balanirèku | sagung mantri punggawa | myang apatih-patih kang mêmatah laku | iku padha bisakêna | ing rèh ayu kramaniti ||

13. wêtara sarewangira | sarerehan kabèh sayêkti pinrih | panggawe rahayunipun | jêr wus nêtêpi sira | panggawe kang dèn pituturakên iku | sapatih lan sapunggawa | kabèh wus padha ngakoni ||

14. samantri-mantri wêtara | wonge cilik môngsana gêlêm kari | saanak sarabinipun | kudu milya sadaya | nadyan praja milu tangi nêdya ayu | marmane wajibing raja | agawe tuladan bêcik ||

15. yêkti tinelad sajagad |

--- 433 ---

yèn ratune ing rèh wus dèn ugêmi | têtêp ing agama tutug | sumêbaring parentah | marma yayi prayitnanên yèn ing prabu | yêkti tiniru sajagad | mungguh ing rèh ala bêcik ||

16. ala ya tiniru ala | yèn abêcik pêsthi tiniru bêcik | anut sasolahing ratu | tiniru isining rat | lawan sira elinga bathara wolu | poma iku munggèng sira | lire kang sawiji-wiji ||

17. wêwolu sariranira | yêkti nora kêna sira ngoncati | salah siji saking wolu | cacad karatonira | yèn tinggala salah siji saking wolu | kang dhingin Bathara Endra | Bathara Surya ping kalih ||

18. Bayu ingkang kaping tiga | Kuwera kang sakawanipun nênggih | Baruna kalimanipun | Yama Côndra lan Brama | jangkêp wolu dèn pasthi môngka ing prabu | angganira ngastha brata | sayêkti ing narapati ||

19. lampahe Bathara Endra | ngudanakên wêwangi ing sabumi | dana sumêbar sumawur | mêratani sajagad | kawaratan gung alit sadayanipun | pan ora amilih janma | lakuning Endra sayêkti ||

20. iku yayi la[...]kênalakokêna. | sawadyane kabèh amot ing bumi | dene Yama lampahipun | milara krama ala | wong durjana ing praja kabèh linêbur | nora ngetung kadang warga |

--- 434 ---

yèn durjana dèn patèni ||

21. barang kang laku dursila | ingupaya kabèh dèn osak-asik | sagone ingusir tinut | kacandhak pinatenan | rêrêgêding praja pinrih biratipun | mêngkono Bathara Yama | gone rumêksa prajadi ||

22. maling mêmalaning praja | pinrih ilang dursila ngrarêgêdi | angundhangi wadyanipun | tanna kêna omaha | ingkang sandhing panggawe ala tinundhung | kang ala wus pinatenan | sajinise tumpês tapis ||

23. kang jinis panggawe ala | lah anggonên Bathara Yama yêkti | surya kaping tiganipun | lakuning palamarta | ngudanakên sabarang rèh arum-arum | amanjingakên rêrasan | asrêping kang dèn têtêpi ||

24. tan galak nutuk sakarsa | tan karasa wadya pinrih ing bêcik | tan ana rarêngunipun | sumusup amrih kêna | ingkang pinrih rinasan-rasanan alus | pangisêpe rêrêsêpan | kasêsêp kêna kang pinrih ||

25. tan age saliring karsa | nadyan dumuh tyase kêna pinulih | tan katêngên pan rinasuk | pangisêpe sarasa | pan kaping pat Bathara Côndra ing laku | apura sêrananira | amênuhi ring sabumi ||

26. mrih eca isining praja | ing pangrèhe wêwangi lan mêmanis | sawuwuse manis arum | saulat [sau...]

--- 435 ---

[...lat] parikrama | guyu-guyu èsême winor ing tanduk | satindak datan rêkasa | mung marentahkên mêmanis ||

27. ambêk santa sabuwana | nrusing manah marta-marta mêmanis | sangsaya sru arum-arum | asih sagung pandhita | kaping lima lampahe Bathara Bayu | nging tekad pakartining rat | budining rat dèn kawruhi ||

28. tanpa wangên tan têngêran | gèning amrih mèt budine dumadi | kêna kabudayanipun | ing rèh datan kawruhan | bisa amèt budine wadya sawêgung | dursila mulya kawruhan | sasolahe wadya kèksi ||

29. sinambi angupaboga | myang busana agung mangun kamuktin | tan ana antaranipun | mring kasukaning bala | amêmaès sang para yogyaning wadu | sarta gung tyase sinuksma | gunaning yuwana pinrih ||

30. ing tyas datan kêna molah | sapolahe kabèh wus dèn kawruhi | dibyan dana-dana tinut | lampah susela arja | wus kakênan jagad kautamanipun | ing mêngko Bayu lampahnya | iya èngêtên sayêkti ||

31. kaping nêm Sang Hyang Kuwera | agung mukti boga sarya ngenaki | tan anggêpok raganipun | namakakên sarana | kang wus kinon amusthi pasthining laku | amung pracaya kewala | dènira tan amrih silib ||

--- 436 ---

32. gungning praja pinarcaya | dananya sru kasêktèn dèn ugêmi | nora ngalêm nora nutuh | samoha sinasama | rèhning sun srah kabèh kawiryan wus sinung | tan wruh ingupaya sira | tuhuning pribadi pinrih ||

33. kasaptanira Baruna | agung agêm sanjata lampahnèki | bisa basuki ing laku | amusthi ing wardaya | guna-guna kagunan kabèh ginêlung | angapusa isining rat | putus wiweka kaèksi ||

34. angapus sagung durjana | sêndhih kingkin dursila sila juti | saisining rat kawêngku | kèsthi kang ala arja | têmpuhing sarana datan kegah-keguh | kukuh kautamanira | tuladên Baruna yêkti ||

35. bratane Bathara Brama | ngupa boga sawadyane gung alit | kabèh galak maring mungsuh | bisa basaning wadya | sirna parangmuka kaparag kapusus | tirunên Bathara Brama | lakine Ni Rarasati ||

78. Mijil

1. nora tungkul rumêksèng wadya lit | tyasira katonton | sabuwana yèn owah lakune | agung ngulahakên sarwa gusthi | agung tan apilih | panggusthining laku ||

2. tinutakên tinatuman kêni | ing rèh kang ginayoh | pinaryitna panggawene kabèh | angowahkên iku gêng binudi | yèn laku wus bêcik | panggahên dèn kukuh ||

--- 437 ---

3. pratingkah ayu ana nimbangi | kang akarya keron | wawasên ing lakunira têmbe | wêwalêre aja sira lali | wuwus ingkang uwis | gumêlar ing ngayun ||

4. ngên-angên ing tyas aja lali |Kurang satu suku kata: ngên-angêne ing tyas aja lali. angkuhên bêbadhong | asêmadi angkuhên sêsupe | tulusing mangunah mangun êning | angigêla yêkti | tata glaring kalbu ||

5. agung sukanên driyanirèki | aja gung wirangrong | yèn kagêma ing rèh kawulane | makutha aywa kathung kalapi | liring rêgêm ati | buwangên dèn gupuh ||

6. ririh bênêr nguwitên nèng ati | ulat dèn katonton | putusing tyas sumuk mêmanise | ing tyas ingkang anênangi runtik | japanên sayêkti | arda nuting nêpsu ||

7. ing tyas suci sumuk ulat manis | sagung rèh kawêngkon | ing tyas rêgêd asirung ulate | suka sêtya manis aprak ati | ayême tyas titi | pangrèh nora luput ||

8. sarjana môngka gandaning bumi | rêratus kakonyoh | ngulahakên ing rat kaluwihe | arjaning praja tan lirip bangkit | yèn ta winowor ing | pangridhuning laku ||

9. pakolihe yèn panggah tan osik | bakuhing pakewoh | aja miris yèn miris dadine | kalonglongan darajate gêmpil |

--- 438 ---

lakokna sayêkti | ngawruhi wadya gung ||

10. môngka akasing jagad sayêkti | rumêksa gung anom | mariksa maring wadyabalane | ngêlu mulês waras dèn kawruhi | sajroning prajadi | ajana katungkul ||

11. apura paramarta môngka wit | anggêpên dèn manggon | kalêpasan bae pêmawase | aja keguh dumèh gêdhe cilik | ing rèh bênêr sisip | wawasên dèn putus ||

12. mungguhing suka miwah prihatin | ing wadya katonton | gampang ewuh ing praja sukêre | dèn karuruh ing rèh tan karirih | dèn katêmu budi | budinên sakayun ||

13. arjaning praja nora manasi | tan ana lêlakon | ngowahakên marang pikukuhe | pêngkuh ngaubi rumêksèng bumi | kaluhuran pasthi | pinayu pikukuh ||

14. yayi Prabu Wibisana pasthi | luhuring kaprabon | kang wus kocap busanèng jagade | kamulyane pèni-pèni manis | aywa bot sirèki | duwèke praja gung ||

15. êmas môngka busananing dasih | kang langlang ing kewoh | kang nanggulang praja sêsukêre | kang jagani jagad siyang ratri | norangèl ta yayi | arjaning praja gung ||

16. nora kêna pinèta ing maling | malinge katanggor | saking nora nana pangungsène | dènnya [dè...]

--- 439 ---

[...nnya] rêmpêg saprajanirèki | rumêksane sami | tan ana talutuh ||

17. talutuhe kapipit kacêpit | kapêngkok kasompok | lami-lami marèni alane | jrih malu mêmala milalati | ulate katawis | bok kawawas kawus ||

18. sagunging kang ala dadi bêcik | ingkang bêcik wuwoh | imbuh susila mring krahayone | saking kêna prabawanta yayi | pracayèng prajadi | sawadyanirayu ||

19. prihên têmên para sarjanèki | kang bisa ambobot | ing bot repot amrih sujanane | ing rat panut panuragèng budi | pragnyana udani | jroning jurang parung ||

20. pêtênging guwa-guwèng wanadri | wawasên kang kinon | sarjana wèh kawruh ing isine | pinanduking sastra wus kaèksi | paprênahan sungil | sungapan sastrayu ||

21. prayogyane wruh robing jaladri | jaba jro katonton | parang-parang curi batining we | sastra dibya sabarang pakarti | tan kulêdira mrih | pragnyananing laku ||

22. saratana sêsuluh mrih titi | titi kang winêngkon | mêmala kang mêmulêt ing tyase | rinampasing pitutur sayêkti | ririhên dèn kêni | kinulit rinasuk ||

23. rasukên ing krama sining wêri | wruhên nèng kadudon | robana rum mêmanis pawore |

--- 440 ---

amrih aja sangsayèng pakarti | sidaning kamuktin | lir gêlah manaput ||

24. yèn wus kakênan rèh kang sawiji | wisata kang adoh | kasumbaga prayitna ambêge | susila mrih kasatmatèng gusti | dènnya wus miyarsi | prabunya mrih ayu ||

25. samuhaning kang sumiwèng sami | pasang karahayon | munah ingkang durcara silane | dènnya mrih sinatmatèng ing aji | kawawas ing bumi | wikrama satuhu ||

26. ratu aywa amisesèng rukmi | pan yayi tanpandon | êmas iku pasêmoan gone | pan wajibing busananing bumi | yèn sira kukuhi | wisaning praja gung ||

27. saguna-guna gunung ing bumi | kondhanging kaprabon | upaboga sawadya-wadya kèh | tan apilih sawadya gung alit | tan bênggang ingkang sih | mrih sapraja lulut ||

28. kawibawaning prabu ta yayi | yèn ambêkira bot | ngandumakên ing kawibawane | iku cacad ing karaton yayi | rusak dama nisthip | rusak patinipun ||

29. karana jroning urip puniki | ana kang dèn antos | mung sadhela tan langgêng uripe | yayi rusak jamaning wong urip | jamaning wong mati | têtêp ananipun ||

30. yèn lalia pangrèhirèng bumi | dhusthanya tanpandon | pira-pira rusake patine |

--- 441 ---

tuna yayi wong madêg narpati | tiwasa ing pati | Wibisana nuhun ||

31. gunaning ratu prihên amardi | tinut karahayon | lan rêksanên marga pakewuhe | mriha lêstari sagung lumaris | wajibing narpati | bêciki marga gung ||

32. damaring praja ja mati-mati | sadêging kaprabon | aja kandhêg madhangi jagade | môngka panarik ing rèh sayêkti | ing pati pinanggih | kautamèng prabu ||

33. yèn arêsik prajanira yayi | sagung ingkang tumon | praja kang lyan kontap prabawane | takut tulad kaarjaning bumi | trusing budi yêkti | Wibisana nuhun ||

34. tilasing wadya kang galak nguni | ingunên aywa doh | manjing maring ratu kagunane | iya dadi busananing bumi | atur tanpa uwis | sikakna kadyasu ||

35. Prabu Wibisana sahawotsari |Lebih satu suku kata: Prabu Wibisana awotsari. wre samya anjomblong | miyarsa ring prabu pituture | lan maninge adêgira yayi | Ngalêngka Narpati | winongwong tumuwuh ||

36. nguni kadya winisan prajèki | sira madêg katong | iya ingkang dadi pênawane | mawèh suka saisining bumi | de prabunya titi | titi yèn mêgatruh ||

79. Mêgatruh

1. isining rat lênglêng kadya sih andulu | ing rèh prabutama kalih | kasmaran myarsa pitutur | samodra [sa...]

--- 442 ---

[...modra] ombake aris | minggir gumulung anggolong ||

2. ima-ima amuntir langkung tumiyung | sumêrot kang maruta ris | kadya matag ngigêlipun | sang lalita miwir samir | ngurmati sang madêg katong ||

3. darma mangkin apanggah manahira nut | ring pamulang pasang putih | nêtêpi ambêg pinunjul | amolah arjaning bumi | Prabu Gunawan kinaot ||

4. patitising pasang tuju tanggap saur | mêmunah manah mênuhi | marjayèng mêmala lulut | biningkasing pasang suci | Wibisana waskithèng don ||

5. anglir têla karirisan môngsa pitu | rumêsêp sumusup êning | sinêtya prasêtyanipun | kadya tunggil yayah bibi | angganira karahayon ||

6. purwa taru mandira ring gunung-gunung | anjêtung tan ana mosik | isthane jingglêng pitutur | pradapanira tumiling | kadya mrih talingan karo ||

7. sumbagambêk sumiwèng rat tuhu-tuhu | rum-arum sumêkar amrik | pala-pala mêndhuh-mêndhuh | wijah dènnya amiyarsi | ing rèh sang mulang kaprabon ||

8. liman milu manungku tulalenipun | anglabèt talingan amrih | kadya mirsa apitutur | andaka mènglèng tumiling | lir pasang talingan karo ||

9. sêkar jambu kentar ing angin sumawur | lawa mêkar mrak ngigêli | urmat suka-suka dulu |

--- 443 ---

mring Sang Gunawan atampi | wulanging sumbaga katong ||

10. ôngsa muluk munya têpi talaga gung | lir suwarèng rowangnèki | mriha nêniling wartayu | kidang mangsul marêpêki | lir kantun mirêng pawartos ||

11. singa-singa kagyat ing kidang umangsul | lir cipta kantuning kardi | mêkar macicil angungun | ngisis siyung nungsung angin | netrane kalih malorok ||

12. sato-sato sêtya nut pasangan runtut | samya wèh rêngganing bumi | prabawa bawaning nulus | sang rumêksèng prabu titi | wuruke rum-arum mawor ||

13. wus sinêksèn ing walang taga kutu-kutu |Lebih satu suku kata: wus sinêksèn walang taga kutu-kutu. ing rèh molahakên bumi | isining rat ngastutyayu | kupu-kupu kipik-kipik | sru kang ngina rum umawor ||

14. mari muntêl ing êntal kuntul andulur | dalidir ngidêr-idêri | têpining kang sètu-sètu | bôndalayu ngilayuni | arum sumawur sumêrot ||

15. titip atap têpining sètu aturu | tan ana winalang-ati | linanglangan arum-arum | kèrid ingkang maruta ris | mamrih amarasi panon ||

16. sakèh murka-murka mari murkanipun | mangimur-imur ngamori | sarjana jênak majênu | jinatèn mardu mrik minging | mapanggah mungguh ginugon ||

17. nora bêtah katitih botoh kabutuh | baskara

--- 444 ---

bôngsa basuki | sastra ta mardi mamêrdu | sihirèng susela êning | kêna bawaning kaprabon ||

18. tan akêndhat narendra pituturipun | lir cêndhana munggèng rukmi | dinupan ngambar rum-arum | tinon warnane nêlahi | rumêsêp kadang kinatong ||

19. wutuha tah narpati jroning tyasipun | mawantah mamrês punang gih | dêstuning rèh mamrih luhur | mangayubagyaning bumi | miliring prabu kinaot ||

80. Dhandhanggula

1. lawan yayi prabu dèn nastiti | anitèni ing wadya punggawa | amrênahakên karyane | kang bisa ing alêmbut | aja wèhi agaling kardi | kang bisa maring agal | aja wèhi lêmbut | kang prakosa ing ayuda | ana ingkang prakosa sêbarang kardi | dèn bisa matah-matah ||

2. miwah wadya kang ngalul sêmadi | karêm marang pangulah mêmuja | tulusêna panggawene | aja ta wowor sambu | keron laku dhompo ing budi | tumpangso ning prakara | rêgêd êmpanipun | yayi Prabu Wibisana | watêking wong tumpangso sabarang budi | cacad maring wiweka ||

3. angingua punggawa kang pêkik | yayi dadi kumaraning praja | ambusanani jagade | punggawa kang dibyanung | kang prakosa maring ajurit | yèku pinôngka wisa | amisa ring mungsuh | punggawa kang

--- 445 ---

bisa basa | basukine marang krama kukuh titi | karyanên tuwanggana ||

4. sarta ingkang wignya barang budi | wruha santa budi paramarta | lêpas marang wêkasane | wêkasing rèh rahayu | aja adoh lan sira yayi | palane aja pêgat | rewangên amuwus | wuwus maring kawusanan | wêkasane ing aurip nêmu pati | pati patitis mriha ||

5. nora beda pangrèhira yayi | iya maring ing jagad samoha | lawan jagadira dhewe | myang walêr ngakiripun | luputing wong angulah budi | lawan angulah badan | padha pajunipun | pon durane kering kanan | yèn wus kêna kang dadi gêgawa sisip | dene wus kinawruhan ||

6. kawruhana sadina ja lali | pama damar urube kanginan | atajêm dadi urube | yayi papêtêng pitu | tutupana singkurên ugi | kaluputaning badan | lawan praja iku | sami amitung prakara | yèn karêksa brukut pangunjaranèki | marang pitung prakara ||

7. yayi Prabu Wibisana iki | lire pêpêtêng pitu ing jagad | iya sawiji-wijine | mungguh jênênging ratu | acacidra maring pêpatih | pêpatih aja cidra | mring punggawanipun | para punggawa pan aja | anyidrani iya marang para mantri | para mantri ja cidra ||

8. marang

--- 446 ---

janma-janma desa tani | lan balike dadi saprakara | patih ywa cidrèng ratune | miwah punggawanipun | iya aywa cidrèng pêpatih | lan mantri aywa cidra | mring punggawanipun | miwah saturute pisan | yèn nêraka têmahan salaya budi | budi mring kabudayan ||

9. yèku wite ingkang mamêtêngi | pêtêng pêpitu yèku kêpala | dene yayi kapindhone | apan jênênging ratu | ing santana mantri kêkasih | aywa sih sampun katrap | adile prajèku | yèn ratu iku gêgampang | maring adil lan maring mantri kêkasih | yèn katrap ingalingan ||

10. yèku yayi pêpêtêng ping kalih | dene pêpêtêng kang kaping tiga | pêpatih lan punggawane | aja matur ing ratu | ngaturakên dadia mantri | ing anak miwah kadang | myang sêntananipun | kalamun durung prayoga | durung bisa basa busananing mantri | basukining wiweka ||

11. apan kathah sarat karya mantri | iya nora kêna ginakampangginagampang. | dhihin wruha ing awake | lamun wêkasan lampus | nora awèt jamaning urip | kapindho mantri wruha | wêkasaning dudu | lawan wêkasaning iya | lan wêkasing lor kidul kulon udani | wetan miwah ring têngah ||

12. lan wêruha isining jaladri | tuwin isining wana sadaya | utamèng bumi langite | lawan [la...]

--- 447 ---

[...wan] manising têmbung | wruhing têmbung kang kandêl tipis | miwah kang dawa cêndhak | mandhêg lawan maju | myang purwa madya wasana | bôngsa mantri sudarsanane ing budi | busanane nagara ||

13. kang apêkik utamaning mantri | ulat tangguh nrusing kalbu tatag | tangginas marang karyane | ayêm maring pakewuh | ririh rèrèh maring ing pamrih | aris maring rêrasan | putusing rahayu | têtêg yèn amanggih laga | titi tètèh têtela mring siyang ratri | ratrining puruhita ||

14. mantri sami busananing budi | jrih durcara awasing wêwirang | nora gumunggung ambêke | arjaning tyas kadurus | dêrêsing kang wiweka titi | titika tan antara | pantaraning atur | wêruh sandining sampeka | sulêksana tan galak tutut ing liring | larang liring sandeya ||

15. mantrimukya kondhang ing praja di | kang wus tatal rèh tinula-tula | tuman tutut têtulade | tan dadak tindak-tanduk | wruhing dudu dandanan dadi | kasuda winisuda | kang luput linimput | winongwong winangun krama | supayane miyata kang miyatani | pulihing pangupaya ||

16. wruha ing rèh saking ngiring ririh | yèn ingkang wus bisa gancang awas | wus kawawas pakewuhe | nistha madyaning laku | kautaman kaciptèng galih | gagala nora gagal | mantri agul-agul |

--- 448 ---

manggala golonganing prang | myang bicara putus musthikaning mantri | sumèh ing pasamoan ||

17. tan asamar sêmuning sêsami | sumuking netya madya utama | tinaman krama pamète | susila dursilayu | kontap pinèt saking pakarti | samangsane tinatap | wus atap tan luput | putus patitis ing tingkah | kang mangkono aja doh kathikên yayi | busana natèng praja ||

18. mantri punggawa lajêring bumi | nora kêna yayi singa wengawonga. | adêging wisma pamane | ana sakane guru | saka rawa mantri lit-alit | yèn ana kang anyêlag | upamane bubuk | iku mantri kang durcara | mêmarahi iya nora anguwati | marang adêging wisma ||

19. kaping pate pêpêtêng ta yayi | aja amèt artane punggawa | lan aja mundhut sutane | lan kaping limanipun | yayi aja nglarangi kali | aja nglarangi alas | têgal-têgal gunung | ara-ara lan samodra | isi apa yayi aja anglarangi | upajiwaning wadya ||

20. kaping nême aja sônggarunggi | marang sagunging prajuritira | miwah juru tampingane | aja anêrang bêndu | mring prajurit mring juru tamping | kang sira patah jaga | nadhahi pakewuh | têtêpe pitu durjana | singgahêna gêgêlah rêgêding bumi | kabèh wisaning praja ||

--- 449 ---

21. pêtêng pitu jroning badan yayi | patraping pati-pati pantaka | êndi dadi rêrêgêde | aywa karêm dyah ayu | aja karêm ing êmas manik | sêsotya nawa rêtna | ing pati nênungkul | kêkêsên tyasira arda | kunjaranên ing puja lawan sêmadi | kasukan apêsêna ||

22. yèn sira mrih utamaning pati | iya yayi Prabu Wibisana | tumus praja utamane | anggêpe ngrèh wadya gung | yèn lupute padhanên yayi | lawan luputing pêjah | iku yayi prabu | yèn luput dera mrih pêjah | yêkti luput pangrèhira ing prajadi | padha kang dadi beka ||

23. tunggal pêtêng pitu jroning jisim | aywa ngêkèhakên asêsumbar | iku wong sumêkti dhewe | ambêg prawiradi gung | iku yayi pêtênging ati | apan iku larangan | tan patut kawuwus | yayi dudu duwèkira | kagungane kang akarya bumi langit | kibir dirdirèng jagad ||

24. lawan aja galak sirèng lathi | agung dêduka tan angapura | mêmisuh saru wuwuse | tunggal pêpêtêng pitu | lamun ora ngilang ing galih | nora bisa utama | ing patining ratu | kalêthêk arsa nênacad | iku yayi sêsukêr nyukêri galih | barang salayèng karsa ||

25. bekaning pati mala malilit | mulêt ati [a...]

--- 450 ---

[...ti] lulut nora kentas | bekaning praja ruwêde | tutur katawur-tawur | nora tawar dènnya mrih yêkti | sêsingating andokaandaka. | dinadak tinanduk | kasulak kapêlak-pêlak | ing tyas gugup nora kongsi anggagapi | anggah atur kagean ||

26. lamun ana punggawanta wêgig | nanging drêmba warêgana ing mas | dêdimèn dadi sêtyane | ampuh kinarya panduk | maring mungsuh asring kajodhi | nora kalawan aprang | panungkuling mungsuh | yayi Prabu Wibisana | yèn wus pêpak kundhang pangulah nagari | sumbaga jayèng rana ||

27. lan sumêbar murahira yayi | lan sumawur paramartanira | mungsuh prapta nungkul dhewe | saksat Bathara Guru | panganggêpe sing wong sirèki | sawab lêgawanira | pracayèng pakewuh | dene sira wus pratama | rêrêgêding badan sampun angawruhi | wruh rêrêgêding jagad ||

28. mungsuh jroning badan wus kajodhi | mungsuh sêsukêre praja bisa | biningkas basuki bae | yèku digdaya tuhu | surèng rana ing agal alit | pan jatining wisesa | wasistha kawêngku | kakangira Dasamuka | pan pinunjul ing prang prakosa linuwih | nanging agal kewala ||

29. mungsuhing badan tan dèn kawruhi | pira yayi wawrating ayuda | apranga lan sira dhewe | tan wurung kasoripun |

--- 451 ---

ing sayêkti yêktining yayi | timbang kalawan sira | kaprawiranipun | kari kasujananira | iya pira kuwate wong gêdhag-gêdhig | pan misih kuwat nalar ||

30. yayi prabu dèn awas dèn eling | babon ingkang marang kaluhuran | apura parikramane | adil pan suku bahu | adil iku pan madya yayi | apura pan utama | bêtah dadi luhur | samêktanên yèn kacandhak | poma yayi apura trusên nèng galih | prabawa paribawa ||

31. prihên têmên apuranirèki | andarma angaubi sajagad | nuragèng bisa basane | basuki sabiyantu | bêbayane nora bayani | rêksanên buta desa | buta gunung-gunung | kabèh salina parentah | padha nuta parentah winangun iki | wêwangunan kamulyan ||

32. kamulyaning sajagad dumadi | karêksane birat ing durjana | dursila salah lêpase | suyasanên pinangguh | guwa pêtêng lan jurang trêbis | kali-kali kalingan | ing sastra sang prabu | amadhangi sabuwana | jroning guwa katon pinanduking tulis | padhang rêgêd katawang ||

33. kasmêmala mêmalaning bumi | yayi prihên waluya kang ala | elinga mele kalalèn | lilanana ja nglulu | tutulanên dimèn katali | aja kongsi katula- | tula alanipun | dènira [dè...]

--- 452 ---

[...nira] rumêksèng bala | balabane maring bala angêlèbi | kalèban sabuwana ||

34. prabawane sarjananta yayi | prayogyakna kêrtagnyananira | wignya susila darma wèh | ayunira amayu | ngilangakên mala wèh mukti | mrih titi parikrama | kramanira nulus | sira Narpati Gunawan | susila wapunyawan marta mênuhi | sampêta pasang cipta ||

35. datan liyan sêtyanira nguni | amêmuhung apura kewala | Wibisana tur sêmbahe | mugèstua pukulun | sabdaning kang binatharadi | Sang Prabu Wibisana | matur têmbung arum | danawa ditya rêksasa | kêthèn yutan sakantune kang ngêmasi | prapta mring Wibisana ||

36. buta wanara sampun anunggil | dhêdhêt samadyaning ranaganarananggana. | ing pasanggrahan siwine | dèrèng karsa ngadhatun | rèhning pura tapis kabêsmi | Prabu Ramawijaya | nêlaskên pamuruk | mring Narpati Wibisana | pyuking trêsna sasat nunggil kulid daging | otot bêbalung darah ||

37. tan kemutan mring Putri Mantili | sabêdhahe nagari Ngalêngka | mring Wibisana karême | dènnya timbalan wuwus | sawuruke katampan sami | sadaya tanpa ilang | dadya wêwah sêngkud | yèn dèrèng pati kaduga | nyundhul atur ilire sawiji-wiji | wijining karaharjan ||

--- 453 ---

38. samya sêngkud de kang anampani | kang anampakakên suka wutah | tan apatah tèh-tinètèh | tata titi tinutuh | têtuhune iwah linuwih | wuwuh ewon tan owah | pamuwahing ayu | kauyun yu warnanira | jagad-jagad jêjêg Ngalêngka nglangkungi | kalêngkaning sri nata ||

81. Sinom

1. hèh yayi Prabu Ngalêngka | ana karyane mas manik | sêsotya myang nawa rêtna | ing gêdhong gantungên yayi | môngka praboting bumi | beya busananing ayu | asrining prajanira | gumantung lawan mas manik | sarêgêpa ambêciki prajanira ||

2. punggawa ambêk dipôngga | sira ngingua ta yayi | lan punggawa ambêk singa | lan ambêk andaka sami | padha kathikên katri | lawan ingkang pindha nujum | kang pindha pinandhita | sira duwea ta yayi | kabèh iku dadi busananing praja ||

3. wadya kang bêcik swaranya | lawan ingkang pêkik-pêkik | lawan kang pintêr lah-olah | kang bisa mêmatut malih | kêbon-kêbon prasami | yayi ngingua sirèku | aywa pêgat mêmuja | barang prakaraning bumi | atasêna marang Hyang Jagad Pratingkah ||

4. kunêng Sang Bathara Rama- | wijaya amituturi | marang Prabu Wibisana | kadêrêng samya dera mrih | ing kamulyaning bumi | panggah ing panganggêpipun | Narpati Wibisana |

--- 454 ---

manut sawulangirèki | tan tinilar rèh saking Narendra Rama ||

5. lir pratala kapanasan | rêngka katibanan riris | tyasira Sang Wibisana | rinêsêp sinanta budi | sumusup mukêt ati | rumêsêp maring jêjantung | sacipta-ciptanira | pinrih kalêngkaning bumi | mastu kabèh jawata sami sumbaga ||

6. dènira praja Ngalêngka | tisonya biningkas adi | sadaya sinalin tindak | wêwangunaning prajèki | bumi kalawan langit | mega angin samodra gung | sadaya urun suka | mulating praja lêstari | kang jumênêng nata manik tanpa una ||

7. maharsi sewa-sugata | jawata-jawatèng langit | girang-girang mastutia | mulat prabu santa budi | têtêp anyakrawati | ing jagad ambêk pinunjul | rêngrêng wuwuh prabanya | lèn toya marta nibani | amuwuhi kuwunge praja Ngalêngka ||

8. suka-suka Sang Hyang Endra | agung dènira ngudani | we mayamarta sugônda | ngurmati sang madêg aji | ala-ala kaili | dursila luntur katawur | kari sêsucinira | bumi rame amênuhi | arum-arum sumawur nagri Ngalêngka ||

9. têmpuhning pawana gônda | mangsuk ing Ngalêngka nagri | sangsaya wêwah yunira | rahayu kang bumi-bumi | Ngalêngka nglêluwihi | danawa rêksasa diyu |

--- 455 ---

umèb amitakonan | amrih pênggawe kang bêcik | mukti mulya sagung kang buta pandhita ||

10. rusake wukir Suwela | Batharendra kang minulih | miwah wukir ing Maendra | wuwuh wowohane malih | dewa ngundhang-undhangi | samya amêmulih gunung | Sang Prabu Wibisana | têtêp karatonirèki | jawi kitha sakala praja raharja ||

11. lawan karatoning kaka | Ngalêngka arja samangkin | miwah tyase buta desa | buta tani eca sami | angrasa luput sami | ing bilai sapraja gung | wusa macak punggawa | niyaka kang pra dipati | buta juru tampingan wus pinacêkan ||

12. Bathara Ramawijaya | wus anyipta udan sari | sinawuran sandilata | ing payudan maratani | bangke wanara sami | katiban prasami tumtum | kang tangi-tangi dilat | ing sandilata wus sami | urip sagung wanara kang mati yuda ||

13. lir angimpi idhêpira | lir tangi turu prasami | wutuh kang bala wanara | tan ana kalong sawiji | suka-suka prasami | ing payudan kadi mêndhung | kèhe bala wanara | lan ditya ingkang sumiwi | kang asaos suguh mring bala wanara ||

14. samya amukti wisaya | wanara kabèh gung alit | akèh warnaning sugata | myang busana sotya manik |

--- 456 ---

pinôngka sawargadi | para prawira tinêmu | sêmbulih sudirèng prang | pamalêse wus pinanggih | suka-suka gung alit bala wanara ||

15. wus sampurna paripurna | dènnya madêg narapati | Ngalêngka gagah apurba | misesa sih amêrtani | sagung buta nèng wukir | pitêkur gundhala gundhul | samya mêdhun sung urmat | mring sang madêg prabu niti | tata tètèh titih Prabu Wibisana ||

16. winongwong kaonang-onang | wêwangunaning tyas êning | sumbaga pangupaboga | ing pêpantaran patitis | putus tatas undhagi | apandhega bôndha-bandhu | bêbudènnya lir rêtna | tan owah anrusing batin | pinasthika narendra kanthi utama ||

82. Kinanthi

1. adèn-adèn apan timbun | pasugatanira luwih | marang kang bala wanara | surasa asalin-salin | mangkana adining praja | Ngalêngka puja sêmadi ||

2. sato-sato ing wana gung | prasamya salin pakarti | merang ring sang madêg nata | prabawane ambawani | macan mari amêmôngsa | badhok kidang lawan kancil ||

3. sêsaba atut aruntut | macan kidang lawan kancil | gêlathik prit alap-alap | atut sêsabane nunggil | badhog-binadhog tan ana | runtut kang sarwa kumêlip ||

4. kodhok [ko...]

--- 457 ---

[...dhok] lawan ula runtut | samya jrih sang narapati | Mahaprabu Wibisana | prabawa diwangkarani | kadya sasôngka wimarta | gagônda manut ing riris ||

5. riris raras arum-arum | ramya sumawur sumilir | sapraja Ngalêngka sumyar | lir kinênan riris manis | mangkana Sang Bayusuta | umatur saha wotsari ||

6. paraning karsa pukulun | ari paduka sang putri | ing mangke sampun alama | nênggih samadyaning sasi | bêdhahe nagri Ngalêngka | pêjahe rêksasa aji ||

7. paduka tan arsa dangu | ing ari Putri Mantili | ngandika Narpati Rama | sira lumakua aglis | maring taman Argasoka | matura ring yayi dèwi ||

8. lamun wus sirna kang mungsuh | yêksa prabu wus ngêmasi | tumpês mantrine satriya | mantri punggawane ênting | yayi Prabu Wibisana | sun adêgkên narapati ||

9. Anoman tur sêmbah mundur | lajêng manjing dalêm puri | prapta taman Argasoka | ngarsane sang rajaputri | Putri Mantilidirêja | ngandika lah sira prapti ||

10. lami sun angayun-ayun | dene tan paring udani | Anoman matur anêmbah | raka paduka jêng gusti | lagya amêmulang krama | Wibisana madêg aji ||

11. ngandika kusumaningrum | Anoman sêksinên mami | luwara ing dukacipta | ilang sagunging [sagu...]

--- 458 ---

[...nging] prihatin | matura ring gustinira | yèn ing nguni sun punagi ||

12. yèn jaya prange gustimu | ngong mêthuk madyaning jurit | sumêmbah nèng pabaratan | Anoman mêsat wotsari | datan dangu praptanira | ngarsane Sri Dasarati ||

13. Bayusuta nêmbah matur | ari paduka sang putri | arsa umangsah anêmbah | ing pada panggihèng ngriki | sasat pinôngka ubaya | yèn paduka mênang jurit ||

14. Narpati Rama lingnya rum | konên sêsuci rêrêsik | anjarag sêdya sujana | kusuma ari Mantili | têtela sêtya susêtya | yêkti sarat arêrêsik ||

15. Anoman tur sêmbah mundur | tan adangu nulya prapti | anèng taman Argasoka | umatur timbalannèki | raka paduka narendra | sampeyan kinèn rêrêsik ||

16. kagyat sang putri angrungu | sêdyane katona ugi | brangtane kapati trôngtabrôngta. | salin daging salin kulit | sêtyane kauningana | mring raka dènnya gêng brangti ||

17. katona yèn salin wulu | sêdyane sang rajaputri | dene ta ana parentah | sayêkti têka nglakoni | Anoman kaliru basa | dudu rêrêsiking warih ||

18. sang putri sêtya satuhu | saparentah anglakoni | asiram sarwi gagônda | asalin sinjangirèki |

--- 459 ---

ukêl sinêkar dinupan | kasor Dèwi Rarasati ||

19. wus kawêtu saking kidukidung. | yune tan kêna ginurit | kasor kabèh dyah ing swarga | apsari pantês nyênyèthi | Putri Mantilidirêja | pantês siniwèng apsari ||

20. saking Argasoka sampun | mangkat Sang Putri Mantili | tansah kusuma Trijatha | lawan sapawongannèki | lawan Radèn Bayusuta | kang umiring anèng wuri ||

21. ing taman Soka kapungkur | ing pasanggrahan wus prapti | ngarsane Narendra Rama | siniwèng bala wre sami | lawan kang bala rêksasa | prabu kalih munggèng ngarsi ||

22. Sugriwa sawadyanipun | Wibisana sawadyèki | kusuma Mantili ngarsa | manêmbah ing raka aglis | Narpati Rama tumingal | kapasuk emut ing galih ||

23. dènira lami nèng mungsuh | dadya nêk dènnya ningali | pan amung sakêdhap netra | tumungkul dènira linggih | sarwi nurat-nurat kisma | kèndêl Sang Putri Mantili ||

24. makidhupuh ngarsanipun | rapuh sumaput tyasnèki | sarandu lir pinarjaya | lalu laranira lami | kadya duk pisah sawarsa | dènnya sakit manakiti ||

25. dènnya ingewan kalangkung | pijêr nulis-nulis siti | lan asintru mukanira | sang rajaputri sru nangis | dhuh lae batharaningwang | paran dosaningsun iki ||

--- 460 ---

26. kapati-pati gustiku | dasih arsa mangabêkti | ingewan ora kinarsan | pijêr nulis-nulis siti | saya sru dènnya karuna | Sang Rajaputri Mantili ||

27. kusuma Trijatha anglud | mingsêk-mingsêk mêrbês mili | sêdya-sinêdya mangkana | wong agung katiga sami | Lêksmana Sugriwa lawan | Wibisana mêrbês mili ||

28. miwah sagung ingkang dulu | wanara rêksasa sami | kamiwêlasên tumingal | kungsung-kungsunge tinampik | samya nutuh gustinira | wre ditya kang alit-alit ||

29. sang rêtna sêsambatipun | pamolarira mlas-asih | kang tênggak kadya pinêkak | kapipit tyasira rujit | sagunging lara tan ana | pati brôngta mêmungkasi ||

30. merang ngarsaning wadya gung | tangise Putri Mantili | dhuh kasmala têmên sira | sarira tan amèt uwis | ênggoning dana bêndana | paranbaya awak mami ||

31. tan kandêl pan dasih ingsun | sun labuhi lara pati | ingaran karya nênuntak | ngênêk-ênêki tyasnèki | wong agung Ramawijaya | pangandikanira aris ||

32. hèh Janakatmaja ulun | môngsa wusa ing tyas mami | môngsa rinêbuta pêjah | yèn uwusa ing tyas mami | lah ta uwus aja lara | pan uwis kalakon iki ||

33. sira panggih lawan ingsun | têtapi ana [a...]

--- 461 ---

[...na] sakêdhik | ênêke wardayaningwang | dene wus sawarsa mangkin | lamine sira nèng mêngsah | mêlang ing tyas sônggarunggi ||

34. kusuma ing tyas kapasuk | sukêre Ngalêngka iki | dadi tumamèng tyas ingwang | tinanduk ênêk ing galih | pan sira wus jodhoningwang | siniwêr ing walang-ati ||

35. tan pramoncopramônca. ing tumuwuh | nora cancala ing bumi | karane apa kinarya | pambengkas ênêking galih | pan sira putri utama | tan wangwang akarya brangti ||

83. Asmaradana

1. umatur Putri Mantili | dhuh batharaningsun uga | mila têmah walang-atos | wêjêkên upama dupa | mila ing tyas paduka | kadya dede ta wong agung | pinunjul ing tri bawana ||

2. Narpati Rama lingnya ris | saengga lami ta sira | anèng Mantili prajane | dêstun orana was-uwas | nèng yayi Wibisana | miwah yèn Lêksmanasadu | apadene yayi Brata ||

3. tan ana sumêlang kapti | tuwin nèng kapi narendra | Putri Mantili wuwuse | paran tan ajrih bathara | punapa tyas tan ana | lingsêma ing bathara gung | sumingkir ing kautaman ||

4. kapati brôngta tan kèksi | hèh ari Truna Lêksmana | tan kandêl sariraningong | amung akarya nêking tyas | sapa wlasing manira | mung bumi langit ibuku |

--- 462 ---

kidang sangsam kadang ingwang ||

5. dhuh kabèh tejaning bumi | padha nêksènana ingwang | yèn kudua driyaningong | kumudu arsa upata | hèh surya côndra sira | asumulua sah ingsun | sumêla-sêla ing jagad ||

6. dhuh Bathara Otipati | môngsa kêna kilapana | babêndunên salah ingong | wau kusuma Trijatha | anjrit pênangisira | niaya têmên wa prabu | amisalah tanpa salah ||

7. aku bae kang nanggoni | uwa dèwi durung pisah | sakêdhèp netra lan ingong | wa Prabu Ramawijaya | bok sampun kaniaya | dene jawata piturun | apa ta jawata wuta ||

8. kilaping rêgêd lan rêsik | tan mituhu atur sêtya | uwa dèwi luwih dhewe | sajagad môngsa anaa | sêtyane duwe priya | tan dhahar nginum sataun | datan sare datan siram ||

9. têka tanpandon uwaji | jawata angejawantah | têka mêntah pangisthine | wa dèwi kapati brôngta | siyang dalu mêmuja | mung dhèwèke pêndêngipun | nglalu gumuling ing kisma ||

10. tan atolih lara pati | lawase anèng Ngalêngka | tan ana ingajap manèh | mung dhèwèke bae iya | cinipta jroning cipta | dèn obonga awak ingsun | nangguhi datan sumêlang ||

11. lir

--- 463 ---

kêna wisa sabumi | wa dèwi subrangtanira | mung cipta dhèwèke bae | mêngko ta praptaning têmah | supaya tan kandêla | ingaran dulêki kalbu | dhuh lah hèh nora kayaa ||

12. pagene mangkono iki | wa Prabu Ramawijaya | apa kalbune binadhog | ing rêksasa pênasaran | mulane ya garowah | salin sêtyane garwèku | tan wruh waluya lan salah ||

13. miyarsa mèsêm ing galih | wong agung Ramawijaya | ingundhat ingosog-osog | maring kusuma Trijatha | suka sajroning driya | atur sakrama-sakramu | Trijatha tan taha-taha ||

14. wong agung osik ing galih | nora kaya yèn bocaha | Trijatha bangêt trêsnane | mantêp duwe wong atuwa | mangkana sambatira | Trijatha sadangunipun | Rêtna Mantili ngandika ||

15. uwis nini aja nangis | tuwas kangelan kewala | apan tan ana wêkase | angur ngulatana wrêksa | ingsun obong kewala | aywa andêdawa wuyung | hèh yayi Truna Lêksmana ||

16. tulungên kayu sun yayi | asiha ing kawlas-arsa | Narpati Rama nulyage | angêjèpi Wibisana | sigra angatag wadya | ditya pirang-pirang rawuh | kang samya ngusungi wrêksa ||

17. kang wrêksaking kadya wukir | pirang-pirang [pirang-pi...]

--- 464 ---

[...rang] pabaratan | sigra dèn sumêd kayune | kumêbul dahana mubal | wau Rêtna Trijatha | mulat ing pawaka murub | muring-muring ing tyas maras ||

18. cacad têmên uwa aji | kongsia manjing pawaka | uwa dèwi kaya priye | punapa ing tyas paduka | murka kadi rêksasa | botên wontên tabêtipun | yèn jawata ngejawantah ||

19. paran tyase uwa aji | têka liwat aniaya | sapa ta pangaubane | isining jagad sadaya | wa aji salah tingkah | amidosa tanpa nganggur | maido sêtya-susêtya ||

20. dene sêbit rontang-ranting | êndi tandhane jawata | karya wigêna têmahe | garwane luwih prasêtya | têka pinrih rusaka | iya mala-mala naput | apa duskartèng bawana ||

21. sapa kang asih ing bumi | uwaji Ramawijaya | salin tingkah tanpa sarèh | iya kakune tyas ingwang | apa ta kasurupan | Dasamuka yitmanipun | aluse têmah ruhara ||

22. yèn mêngkono awak mami | apa nora ngabêktia | wong agung ingkang mêngkene | wa Prabu Ramawijaya | ratuning siya-siya | niaya ing garwanipun | sêtya susila sinalah ||

23. Trijatha akontrang-kantring | nêngêna sêsambatira | Putri Mantili nulyage | mêrpêki dahana mubal |

--- 465 ---

Trijatha kudu milya | Putri Mantili sru muwus | nini aywa milu sira ||

24. ingsun wong druhakèng urip | urip kasmala gung papa | sarwi ngawe pawongane | padha sira gujêngana | iku ta gustinira | mangsah êmban inyanipun | ngawêri Rêtna Trijatha ||

25. sakathahe kang ningali | rêksasa miwah wanara | gung alit drês mêtu luhe | Putri Mantili sru mojar | gêni sun sêksènana | yèn dhustha mring lakiningsun | panganên sun sirnakêna ||

26. lamun tuhu awak mami | rêksanên iya dahana | sigra pinusthi ciptane | mung Sang Hyang Jagad Pratingkah | sang rêtna kulilingan | nir ciptanirambêk masuk | jroning kang dahana mubal ||

27. jumêgur swaraning agni | têdhake Bathara Brama | munggèng palôngka wus lunggoh | sarwi ngawe Dèwi Sinta | bage nini kang prapta | Putri Mantili matimpuh | munggèng ngarsaning palôngka ||

28. gumêr pêngadhuhe sami | kang samya mulat kumêsar | sakêthi ing pangungune | wau ta ing Suralaya | gègère apuyêngan | kari mring Bathara Guru | têdhak mring Ngalêngka praja ||

29. kêrigan jawatèng langit | ngiring Hyang Jagad Pratingkah | jawata yutan akêthèn | Hyang Guru munggèng wimana | intên sami binayang | ing widadari gumuruh | praptèng nginggil pêsanggrahan ||

--- 466 ---

30. lir lintang mawut kaèksi | dhêdhêt pêtêng ing ngawiyat | mung padhang dening gêbyare | busananing para dewa | wanara lan rêksasa | muriring gêgidhokipun | ngawiyat kêbêk jawata ||

31. kumêsar akêtir-kêtir | tyase wanara lan ditya | durung tumon salawase | kathahe para jawata | têdhak mring madyapada | kang ngiring Bathara Guru | kang para dewa sri nata ||

84. Sinom

1. wau ta Bathara Brama | kang siniwèng jroning gêni | hèh ta sira Ragutama | pagene nangsayèng rabi | Putri Mantili suci | pan ora kênèng talutuh | aja salah panyipta | lah iki manjing ing agni | apan kadia pakaja tunjung êmas ||

2. kadya ure tanpa guna | paran ta sira wus lami | anggadhuh Janakatmaja | apa lali sira iki | lamun jawata yêkti | titahing Bathara Wisnu | anmusthikaning rat |Kurang satu suku kata: apan musthikaning rat. sira rêksakaning bumi | nora kilap ala ayu isining rat ||

3. lah iki ta iba-iba | sira karya walang-ati | mring Bathara Girinata | iya têmahan nêdhaki | kêrig jawatèng langit | angiring-iring tumurun | malah ta bapakira | Dasarata ngampil-ampil | cakêt gone lawan Hyang Jagad Pratingkah ||

4. jinurung ing Batharendra | marma mulyèng sawarga di |

--- 467 ---

sudarmanta Dasarata | sira kang gawe kuwatir | bok kêsamaran nênggih | yèn sira Bathara Wisnu | Sinta iku Sri nyata | apa dadak sônggarunggi | tutugêna ing karya rumêksèng jagad ||

5. gumuruh para jawata | ingkang samya anambungi | wuwuse Bathara Brama | winoring udan wêwangi | nèng pabaratan nginggil | sumyur kumêrsêk lor kidul | wetan kulon kèbêkan | wanara lan ditya sami | kagawokan suka ingudanan kêmbang ||

6. Bathara Suksma Kawêkas | kang kadya gêbyaring sasi | sagung jawata lir lintang | Bathara Rama sira glis | padhang kadya sêmadi | nêmbah mring Bathara Guru | andhêku datan obah | hèh hèh bathara dènnya ngling | aja wancak driyanta Wisnu Bathara ||

7. têtela tan kêna salah | apa karya walang-ati | pinêsthi musthikaning rat | sajodho tinitah suci | rumêksa bumi-bumi | mulang-mulang ratu-ratu | sinung bubuhanira | wus mijil Putri Mantili | mulya saking ing pakaja tunjung êmas ||

8. sirêp urubing dahana | wêdale Putri Mantili | Bathara Brama wus nunggal | lan Endra Surya côndrèki | Sambo lan Batharangin | samya sumiwèng Hyang Guru | Putri Mantili nulya | wus kinèn sandhinga linggih | lan kang raka dhêku mring Hyang Jagadnata ||

9. wêdale saking

--- 468 ---

dahana | Sang Rajaputri Mantili | wuwuh tejane sumunar | kadya trangganèng wiyati | anglir gêbyaring sasi | tuhu ing jagad pinunjul | kêkidung bumintara | têtêp tan ana kêkalih | Dèwi Sinta musthikaning bumintara ||

10. sukèng tyas Narendra Rama | gêng ingkang nugraha prapti | myang sagung bala wanara | suka-suka agêng alit | ditya prasamya muji | gung alit suka kêlangkung | sawusnya sinêksenan | mèh prapta antara wêngi | bubar sagung pra bathara pra jawata ||

11. dyan kinanthi astanira | Sang Rajaputri Mantili | mring Ragusuta Wijaya | Wibisana anyaosi | rata wus minggah sami | narendra lan garwanipun | Lêksmana lan Sugriwa | sinaos rata satunggil | Wibisana ambêkta Radèn Anggada ||

12. sagung wanara prawira | munggèng rata angalihi | samêkta nêtêg têngara | kêndhang gong makêthi-kêthi | sèwu salomprèt muni | budhal buta kang pênganjur | gumrêdêg mring jro kitha | angrèb wanara ing wuri | kadya guntur wadya gung munggèng jro kitha ||

13. sapraptanira jro kitha | mêsanggrahan jroning puri | apan sampun sinaosan | mring Wibisana Narpati | kasukanira ngênting | Anoman sigra tinuduh | badhe lumaku duta | marang Ngayodya dhingini | angandika Bathara [Batha...]

--- 469 ---

[...ra] Ramawijaya ||

14. Anoman sira dhingina | pinôngkaa silih mami | turutên margèngong lama | aja kaliwatan siji | lumakuwèng wiyati | sabên pamondhokaningsun | padha sirampirana | Maendra saking ing ngriki | nuli ngancik sira gunung Maliawan ||

15. nuli ing guwa Kiskêndha | sira ampiri nulya glis | ngancik wukir Rêksamuka | padha kang sira ampiri | saturute ing margi | kang kêdalanan maringsun | miwah alas Dhêndhaka | miwah sakidule kêdhik | alas rêngkêd duk kawilêt Si Lêksmana ||

16. karangkud sariranira | pupuring wisa mratani | kaliwat kawêlas-arsa | iku ampirana nuli | wukir Sutiksna Yogi | saturute gunung-gunung | sapêngalore pisan | nuli angambah nagari | apan iku kabèh jajahan Ngayodya ||

17. anuli manggih ta sira | ratu-ratuning kang warih | ing jahnawi puruhita | toyane irêng awêning | sira adusa bêcik | ing bêngawan sarwitèkuparwitèku. | akèh sawabe uga | Anoman tur sêmbah inggih | wusnya kono sira mèh praptèng nagara ||

18. ana kali têtêrusan | sangkane saking jro puri | iline kuning kewala | mili konyoh gônda sari | para kênya jro puri | kabèh

--- 470 ---

padusane iku | milane mili gônda | kungkuman puhan prasami | nora suwe nuli manjinga jro pura ||

19. ibuningsun pan têtiga | dene kang madêg narpati | kadang ingsun kang taruna | Si Barata ingkang nami | sira matura nuli | yayi Prabu Ngayodyèku | dene ta lakuningwang | atêmahan mangun jurit | pan wus bêdhah iya nagara Ngalêngka ||

20. matura ing yayi Brata | bêdhahe Ngalêngka mangkin | kang sun adêgakên raja | mêngku Ngalêngka nagari | yayi Wibisanèki | dene kondhang ngong prang pupuh | yayi Prabu Sugriwa | milaningsun mênang jurit | prabawane ari Narpati Kiskêndha ||

21. lawan ari Wibisana | anarik mulyaning jurit | iku Anoman matura | yèn ingsun mêtwèng wiyati | Anoman nêmbah amit | saking ngarsanirèng prabu | wus napak jumantara | ing wuri kasukan sami | andrawina nèng sajro pura Ngalêngka ||

22. anêlas dènnya kasukan | dènnya gung bujana ngênting | Narpati Ramawijaya | pangandikanira aris | hèh yayi prabu kalih | lêstarinên rèh rahayu | utamane mêmitra | anglêgakkên tyasirèki | anuruta pamintane mitranira ||

23. yayi sirahing utama | tan lyan angenaki kapti | sira karo ingsun gawa | marang Ngayodya nagari | atêrna

--- 471 ---

laku mami | yèn prapta Ngayodya besuk | limang dina nêm dina | sokur yèn akarsa lami | sok uwisa sira karo pêpanggihan ||

24. lawan ibu-ibuningwang | miwah kadang-kadang mami | aringong kang madêg nata | sira katêmua yayi | padha wong anom bêcik | mêmitra padhaning ratu | yayi karo ywa beda | yayi Brata lawan mami | sakathahe darah ngong ya darahira ||

25. lawan besuk kasukana | anèng Ngayodya nagari | mulata kalangênana | apa kang tan anèng ngriki | wau sang prabu kalih | umatur sarwi rawat luh | dhuh paran kang mangkana | lumuhing tuduh dewaji | pan sayêkti nugraha nglampahi têdah ||

26. sampun mênggah sapunika | nadyan têmpuhên nèng pati | tumbukna prabata waja | lêbura madyaning jurit | wêwaha sèwu malih | kang kadi Rahwana Prabu | mênggah dhatêng Ngayodya | kinèn wruh manising manis | angungkurna manising candhana rasa ||

85. Pangkur

1. mèsêm Sri Bathara Rama | iya yayi ana liring sun malih | ana tirta suci marum | yayi nagri Ngayodya | wus pinasthi iya kuna-kunanipun | Bathara Sukma Kawêkas | Hyang Widi Bathara Oti ||

2. anitah toya nirmala | pikantuke singa kang nginum yayi | sinung suci yuwana gung | adoh pênggawe [pêngga...]

--- 472 ---

[...we] ala | miwah sinung kaprawiraning prang pupuh | kang amargi karaharjan | sinungan unggul sakalir ||

3. tutug saèsthining pêjah | ring Hyang Jagad Pratingkah anjurungi | iku yayi marmanipun | karo kudu sun gawa | lamun sira yayi prabu kalihipun | durung wruh rasa mangkana | mêlang ing tyas ingsun yayi ||

4. Prabu Sugriwa turira | miwah Prabu Wibisana wotsari | kawula myarsa pukulun | saking kaki ing kina | tirta suci sumbaga kang kamêndhanukamandhanu. | wèh paripurnaning guna | tyas sinasotyèng mêmanis ||

5. ênggone pura Ngayodya | hèr prawita prayogyana sêmadi | katiga sarêng gumuyu | dènnya kalih turira | tinungkulna pun patik tan wande nusul | atadhah duka mamêksa | dhatêng Ngayodya nagari ||

6. tan wus ucapêning suka | Wibisana sigra dènnya ngundhangi | marang pra dipatinipun | rêksasa patang lêksa | patang kêthi buta mantri ingkang sampun | pinatah pinacak karya | buta wadya tanpa wilis ||

7. wontên kang wimana rêtna | ing Ngalêngka amot wong pitung kêthi | lan kathah wimananipun | kang amot wong salêksa | kalih lêksa tigang lêksa amotipun | kathah jro kitha Ngalêngka | wus samya dèn busanani ||

8. kang sinaosakên [sina...]

--- 473 ---

[...osakên] ika | titihane badhe mêdal wiyati | wimana gung kang amikul | ditya mantri kewala | pan sakêthi kalih lêksa kang amikul | wimana kang kathah-kathah | sinrahkên Sugriwa sami ||

9. kang amikul sinaosan | buta kuli dene kang buta mantri | anyaosi Sang Sinuhun | Sang Prabu Wibisana | ngaturakên kabèh brana jro kadhatun | Sang Prabu Ramawijaya | pangandikanira aris ||

10. yayi prabu wus tarima | sira gawe parabot ing nagari | sabiting tan gawa ingsun | Ngayodya wus akathah | sang kapindra sinarah sakarsanipun | nanging Sugriwa tan arsa | sampun tinarima batin ||

11. sasampunira mangkana | wus samêkta kapraboning lumaris | tan winarna laminipun | kasukan nèng Ngalêngka | enjing nêtêg têngara danawa ngumpul | miwah kang samya siyaga | sakapraboning lumaris ||

12. pinatah kang nunggil lampah | miwah ingkang lênggah ing wimanèki | pra dipati prawira gung | nunggil sang binathara | miwah kang wre pinaro myang pinartêlu | kang tinunggil sawimana | mangkana sagunging baris ||

13. pra dipati ing Ngalêngka | kathah nitih rata munggèng wiyati | kang badhe rumêksa ngayun | kanan keri ing wuntat | wus sumaos wimana saosanipun |

--- 474 ---

buta sakêthi rong lêksa | kang mikul sadaya mantri ||

14. miwah Narpati Ragawa | èstu Janardana nataning bumi | lawan garwanira sampun | minggah wimana rêtna | prabu kalih wus samya minggah ing ngriku | Rêtna Trijatha gènira | nunggil Sang Putri Mantili ||

15. nunggil wong agung katiga | Radèn Truna Widagda Sugriwèki | myang Prabu Wibisanèku | samya kapungkur kanan | Sang Narendra Rama lawan garwanipun | katiga Rêtna Trijatha | munggèng singub mantên wilis ||

16. ring pakaja nawa rêtna | sinasotya anguwung manik adi | Anggada ing ngarsa prabu | angampil usap asta | Kapimenda parimbon ampilanipun | iku kang ingaran cêtha | Kapi Anila nongsongi ||

17. Anala angampil wadhah | ing pawohan ingkang sampun rinacik | kinalungakên ing gulu | kang amayung Jêmbawan | Sang Susena kêcohan ampilanipun | kang mayungi Wisangkatha | Gawaksa ngampil cêpuri ||

18. kang mayung Gôndamadana | Danurdara curiga kang dèn ampil | kang amayung Endrajanu | ingkang ngampil roki mas | Sang Kêrdana Puthaksi ingkang amayung | Sêmpati ngampil makutha | Subodhara kang mayungi ||

19. kang ngampil endhong Wraksaba | kang satunggil [sa...]

--- 475 ---

[...tunggil] Dumrata ingkang ngampil | Gawahya ingkang amayung | kalawan Bimamuka | pun Kiswari angampil jêmparingipun | ajajar lawan endhong mas | Sata Bali kang mayungi ||

20. kang ngampil kudhi Winata | pan sinudhang Kamadhêsthi mayungi | ampilan sadayanipun | pra dipati wanara | kang angampil pangrêsikane barêngkut | nora nganggo pinayungan | nèng singub cêlak sang putri ||

21. nunggil Sang Rêtna Trijatha | ingkang ngampil dandanane sang putri | wanara samya barêngkut | sigra Sang Maharaja | Wibisana ngatag ditya kang amikul | mantri sakêthi rong lêksa | ingangkat wimana aglis ||

22. mumbul kadya bumi mangkat | datan beda lawan Malyawan wukir | kadi bêdhol wukir mabur | anglir Hyang Jagadnata | duk nêdhaki mring Prabu Rama ing dangu | jêjêle anèng ngawiyat | lor wetan kulon ngêbêki ||

23. kabèh wimana-wimana | miwah rata kang ditya pra dipati | pating salêbar sumawur | kadya ta swarga gugrag | balêduging rata kanan keringipun | miwah saguning wimana | puspakaning pra dipati ||

24. ingkang nunggil sawimana | ditya-ditya kang kaprabon ngajurit | lan ditya salomprèt sèwu | ngarsane singub gènnya | wre lit-alit kang binêkta nunggil wau | wus angati-ati samya | bêktaub-aub [bê...]

--- 476 ---

[...ktaub-aub] pribadi ||

25. bêdhol waringin prasamya | miwah kayu sawo lawan kusambi | kayu sana miwah bulu | kadya gunung wutuhan | ing Suwelacala kaungkulan sampun | Bathara Rama ngandika | hèh yayi iki kang wukir ||

26. isining kayu ing alas | kang pinôngka gêgamaning ajurit | kabèh watu gunung-gunung | gêgamaning wanara | kang kungkulan tambak sètubônda layu | angganthêng irêng katingal | narendra ngandika malih ||

27. yayi iku tingalana | kang angganthêng irêng ngalang jaladri | yèku sètubônda layu | kang ginawe wanara | gunung-gunung watu-watu kang dèn usung | lah ta iku Si Anala | kang angrakit tambak iki ||

28. lir Bathara Kala têdhak | maring dharat arsa anglêbur bumi | duk nalika karya sètu | polahe kang wanara | rajaputri dangu ningali tumungkul | wus liwat ing sètubônda | kongkulan Maendra wukir ||

29. maksih andhap lampahira | kang wimana sarwi anêningali | saisine gunung-gunung | miwah isining alas | kalangênan wong agung lan garwanipun | nutug dènira têtanya | Sang Rajaputri Mantili ||

30. barang ingkang katingalan | wana-wana kalawan wukir-wukir | sang putri tanya lon matur | dhatêng raka narendra | winêstanan sawijining [sawi...]

--- 477 ---

[...jining] gunung |Kurang dua suku kata: winêstanan sawiji-wijining gunung. tan ana kang kaliwatan | kang raka andhandhanggêndhis ||

86. Dhandhanggula

1. cinaritakakên duk ing nguni | kala anèng gunung Maliawan | kang rayi runtuh waspane | miwah duk anèng gunung | Rêksamuka tinutur sami | sasolah-solahira | ngêsah pisahipun | nulya tinutur angkatnya | pangluruge angirid bala wre sami | ngêbêki wana wasa ||

2. Batharendra ing samargi-margi | nugrahane sabarang kamulyan | Hyang Endra asangêt sihe | myang pêpanganan agung | kiniriman saking swargadi | wusnya tamat sadaya | kang raka pitutur | lan angèmpèr lampahira | kang wimana kêlangên samargi mampir | rêrêp punang wimana ||

3. buta kang mikul wus dèn ingoni | dene Sri Mahaprabu Gunawan | lawan inginuman kabèh | guci maèwu-èwu | nora kandhêg dèn wêragangi | mangkana kinèn sigra | mêsat lampahipun | dêdêl ngayuh jumantara | mèh kasundhul ing Endraloka kawingkis | gègère abusêkan ||

4. samya ngudanakên wangi-wangi | nguwuh-uwuh aja pêdhak-pêdhak | suwarga maras atine | apan arsa dêdulu | para dewa jrih dèn pêrpêki | Sang Prabu Wibisana | ngatag wadya mikul | kadhuwurên ngêdohana | lan sawarga saksana [saksa...]

--- 478 ---

[...na] mêdhun tumuli | amèt ing sawêtara ||

5. lan ing Ngendraloka wus dèn dohi | dadya eca lampah sawêtara | kinèndêlkên salomprète | wong agung amêmangun | lawan Prabu Ngalêngka malih | sagung krama wikrama | kramaning tumuwuh | kang tinitah dadi raja | lawan ingkang tinitah dadi wong cilik | mungguh wêkasing pêjah ||

6. yayi prabu kang katingal iki | tilas pêrtapan pandhita raja | yayi kêtara rakite | pêpasangan kêdhatun | gapurane sadaya mawi | pamêngkang ngering nganan | asipat manguntur | prabata kinôntha pura | Wibisana wadyane kang dèn abani | ririhên lampahira ||

7. dadya tutug samya nênigali | Narpati Rama alon ngandika | yayi Prabu Ngalêngkane | budinên pandhitèku | iki raja kudu anêpi | apa ta budi andhap | apa budi luhur | ratu lumuh pêparentah | sukan keron Wibisana awotsari | nuhun sumanggèng tuwan ||

8. Narendra Rama mèsêm dènnya ngling | payo yayi Truna Sudarsana | rinêbut sapakolihe | Truna Sumitra matur | nuhun duka datan kadugi | malih prabu ngandika | lah ta yayi Prabu | Sugriwa manawa ana | kang karasa Sugriwa mèsêm wotsari | nuhun patik bathara ||

9. mangu-mangu [mangu-...]

--- 479 ---

[...mangu] mawa ngandika ris | Narendra Ragusuta Wijaya | pandhita iki karsane | suci ing dhèwèkipun | karatone mulya sayêkti | marmane ta pinasang | nèng pucuking gunung | wus kudu suci kewala | nora nêdya sêsukêr aja nèmpèli | yayi mungguh manira ||

10. nanging rêbut sênêng iku yayi | yèn ingsun lumakua satitah | ing bathara sayêktine | yèn tinitah wak ingsun | nganggo badan wadhag puniki | yèn ingsun alumuha | ing sêsukêripun | pan dudu Bathara Endra | jisim alus yèn sira yayi lan mami | tan kêna singgahana ||

11. yèn ajana sêsukêre yayi | aran suci iya môngsa ana | iya iku timbangane | aran wadhag lan alus | ingsun kumbah wadhage yayi | sun wêwêjêk supaya | bisa mor ing alus | ya kari aran satunggal | pan si wadhag yèn bêrsih linimput ing sih | mung si alus kang ana ||

12. jaman roro pan maksih kacangking | nora nimpar titahing bathara | yèn kinudu alus bae | wis tan kêna winuwus | ing purwane yayi ing nguni | jêr nora ana aran | wadhag lawan alus | gêlare tinitahana | ya pagene yayi kudu dèn singgahi | dêstun lumuh kangelan ||

13. kang marentah pinarentah iki | iya yayi panggawene [panggawe...]

--- 480 ---

[...ne] wadhag | pan uwus kinarsakake | balik ta kinèn iku | angadili padha dumadi | yèn bênêr pira-pira | kautamanipun | mêngkono bae ta ingwang | lah ing kono rêbutên ingkang prayogi | yayi Prabu Ngalêngka ||

14. ana ujar kang patapatang. prakawis | brôngta sopana yêkti waskitha | dèn awas ing panunggale | pasêmon papat iku | ingkang brôngta pan laku yayi | sopana pan dêdalan | yêkti iku tuhu | waskitha sampurnèng tingal | wruh ing sangkanparan urip maring pati | pati prapta minulya ||

15. jênêng brôngta kang lumaku yayi | turu atangi alungguh iya | dene sopana wêrdine | atangi turu lungguh | pan lumaku dunungirèki | dununge yêkti iya | atangi lumaku | dening wêrdining waskitha | ya aturu-turu lumaku atangi | atangi-tangi ilang ||

16. kang aran brôngta lumaku tangi | linggih iya dèn akên pangucap | ingkang supana karane | lungguh tangi lumaku | iya dene ingakên nênggih | pan lampahing bathara | yêkti têgêsipun | atangi turu lumakwa | iya dene ingakên ananirèki | dening Sukma Kawêkas ||

17. pralambine kang waskitha nênggih | turu lumaku atangi ilang | dene ingakên sucine | de Hyang Bathara Luhung | iku

--- 481 ---

yayi dèn amatitis | ing panunggile papat | aja salang surup | ing brôngta miwah sopana | ping tri yêkti kaping pat waskitha yayi | kabèh munggèng sarira ||

18. ingkang brôngta upamane kulit | kang sopana daging upamanya | kang yêkti balung pamane | ingkang waskitha sungsum | kulit iku yayi ngêmuli | sabarang ing pratingkah | kamot kawitipun | kabèh kang datan kawruhan | iya nora kawêtu saking ing kulit | kawot dening wêwadhah ||

19. kang sopana upamane daging | dening môngka margining kamulyan | kang yêkti balung pamane | têtêpe kuwatipun | barang tingkah yêkti nguwati | waskitha sungsum ika | wingit êningipun | kang brôngta kundhang pangucap | nirkên wuwus kang ala mrih wuwus bêcik | sopana kundhang lampah ||

20. nirnakakên rêgêde kang margi | angrêsiki mrih ayuning titah | kang yêkti nênggih kundhange | nênugêl ing rèhipun | ala bêcik rampung katapis | ki waskitha akundhang | êninging pandulu | tan samar tan kacampuran | nora pangling prênahe Hyang Otipati | kawawas jroning badan ||

21. yèn tinggala brôngta sopanèki | nora arus sabarang pratingkah | siya-siya pênggawene | yèn tinggala sirèku | ing waskitha lawan ki yêkti |

--- 482 ---

katampik nora kêna | pamorirèng dunung | yayi Prabu Wibisana | papat iku iya tan kêna ginêmpil | busana tunggal tingkah ||

22. parandene ana kang nglakoni | tinggal katri mung nganggo waskitha | dèn sirnakakên badane | tan tolih ananipun | munga dene Hyang Otipati | pinêlêng moring badan | yèku kang wus punjul | tan nganggo rasa-rumasa | iya kabèh dudu kabèh dèn kawruhi | ing kono paran karsa ||

23. aja sira ngêndhong-êndhong budi | miwah yayi Truna Sudarsana | yayi Sugriwa wus dene | padha uruna wuwus | sapakolihing budi yayi | katiga matur nêmbah | prasamya anuhun | Narendra Rama ngandika | basa aran yayi aran ora gingsir | lawan kang duwe aran ||

24. mila yayi dèn angati-ati | ran Prabu Gunawan Wibisana | ing Ngalêngkadi prajane | ing pati têmahipun | yèn tiwasa bumi puniki | anampêk marang sira | langit-langitipun | angoncati marang sira | ngêndi gone yèn ora bisa akardi | lara tibèng antara ||

25. ngêndi gonira têmahing pati | yayi ujare kang wus utama | ing Ngendraloka parane | iku cacad kalangkung | dadi manakawan sirèki | suwita Batharendra | norangèl [norangè...]

--- 483 ---

[...l] tinêmu | iku kandhangan antara | durung luwih ing pati-pati patitis | tan arsa mangkonoa ||

26. dadi ewuhing ngaurip yayi | buru kahanan ingaran tiwas | amburu pawarta manèh | yèn bênêra wong iku | kaya priye ing sira yayi | Sang Prabu Wibisana | tur sêmbah umatur | yèn mênggah cêkak kawula | nuwun sabda anyandhak salah satunggil | ing cupêt kang kahanan ||

27. asor-asor wontên kang dèn nuti | ing pawarta manawi kapiran | tan wontên gêgendholane | narendra sru gumuyu | iya bênêr sirèku yayi | dadi wong wruh ing awak | upamane têngu | ganjarane anjaluka | iya kaya ganjarane ingkang èsthi | masa bisa atômpa ||

28. sangsaya suka gumujêng sami | samya ngiras kasukan nèng tawang | maksih lajêng rêrasane | wong agung ngandika rum | anon pêksi parênjak muni | maning prabu ngandika | yayi manuk iku | rada kaduk pamicara | wêwadine kêmba yèn ora dèn angling | apan iku wêwarah ||

29. dadi kêndhêk gunane kang pêksi | si parênjak rêmên ngajak-ajak | tutur-tutur pênggawene | yayi bêcik si puyuh | anggêgayuh amrih wêwadi | yèn wus duwe panggonan | nora singgan-singgun | sanadyan dèn oprak-oprak |

--- 484 ---

lamun ora mèh kapidak nora gingsir | saking panggonanira ||

30. nganggo môngsa kalane yèn muni | unining gêmak tuhu widagda | anunggalakên gustine | unine sênguk-sênguk | ênguk-ênguk têgêse yagiyayi. | yaiku gustiningwang | wruh ing uripipun | lamun wêkasaning pêjah | milanipun si puyuh rahayu budi | nadyan sami pêksia ||

31. pêksi jalak agal ingkang budi | ngulakakên saking kaprawiran | iku wong bêsus watêke | tan wruha mrih ginunggung | barang karya kaworan amrih | dene lêlewa ika | bêsus tan kapusus | marma yayi barang karya | nora nana ngungkuli ayu basuki | bisa busanèng basa ||

32. ora-orane si bêsus yayi | na pamrihe iya ngungkulana | marang sapadha-padhane | yèku rêrêgêdipun | panggawene si jalak yayi | marmane sininggahan | kalêthêk kang dudu | kêpodhang adhangan ika | nuli ala têgêse pênggawe yayi | satuma laku ala ||

33. yèn pinikir arsa dèn lampahi | panggawe ala ingkang satuma | dadi sagajah gêdhene | marmaniti nguni yu | manantanga têgêse yayi | panggawe kabêcikan | linampahan dangu | aras-arasên tumindak | cêngil nuji wulanga si nganga yayi | têgêse laku

--- 485 ---

ala ||

34. lêmbat nora gulawat anuli | wulangêna têgêse kang lêmbat | nora gulawat jatine | winulang glis gung luhur | kadi macan tanaya julig | yayi padha kayua | ing wana puniku | titènana bêcik ala | kayu lêngki sugih rêringa angrêki | arang dadi dandanan ||

35. padha kayu rawan kang prayogi | lurus rahayu sasolahira | atapa sapakantuke | ana ganjaranipun | sinung arum swarane yayi | unine kayu rawan | nong ning ning rahayu | padha sarpa-sarpa sawa | pinandhita tyasnya kadya prabunèki | Naga Basuki nama ||

36. Narendra Rama samargi-margi | barang kapyarsa barang katingal | saisining donya kabèh | pinèt upamanipun | amrih tekad aja pinangling | tan pêgat anèng tawang | dènira lêlaku | yèn rêrêp ngêbêki wana | sangsaya gung katingalan kapiyarsi | tutug angraras driya ||

87. Mijil

1. pêksi manyura sêmbadèng warni | abagus kinaot | aparigêl antêng pangigêle | lamun muni unine na pinrih | anganggêp ngêngkoki | marmane ngênguwung ||

2. Ramawijaya ngandika malih | hèh ta yayi katong | mungguh ing sira apa karsane | yayi barang kang kumêlip iki | apa ta kinanthi | myang pinisah iku ||

--- 486 ---

3. Prabu Ngalêngka umatur aris | pukulun sang katong | kinanthia bilih tanpa gawe | aran sami tinitah pribadi | punikasor nênggih | ing manungswa luhur ||

4. e punika nuhun pun patik |Kurang satu suku kata: e punika nuhun pun apatik. ing sabda sang katong | Sri Bathara Rama andikane | iya uwis kênyataan ugi | prandene kang luwih | pan kabèh kinukup ||

5. kang satêngah mangkana dènnya ngling | kaloreyan ingong | tambuh-tambuh iya kang ginape | durung tamtu badaning sawiji | yèku ngrêrubêdi | tan wus karya kuwur ||

6. kang sawênèh yayi ana angling | pagene mêngkono | bênêr pane kudu cece-buce | sapa kang dèn arsa-arsa malih | liyan manungsèki | kang tinitah luhur ||

7. upamane kulup tanpa ragi | cêmplange karaos | yêkti pendah kang ana ragine | pan mangkana ana muwus malih | yèn mangkana yêkti | êndi bênêripun ||

8. Prabu Ngalêngka matur wotsari | tan kenging pinados | dadya têmah sasênêng-sênênge | samya amrih kautamèng pati | pati kang patitis | tatas ing pangawruh ||

9. wontên pandhita kuwat atapi | sataun angalong | tapa ngèli sêtaun lamine | pan sêtaun angon surya yêkti | parandene mati | anitis ing kuwuk ||

--- 487 ---

10. kang mêkatên paran kadipundi | sangêt salah ênggon | daya lamun sarasa kuwuke | kuwuk pilêk gudhik lawan mêngi | mung kang dèn adhêpi | pitik duk tumurun ||

11. arsa nubruk kawênangan nuli | ginêbug ing lodhong | kêlesedan putung bêboyoke | dadi rubungane rare cilik | pandhita niwasi | mêkatên pukulun ||

12. paran kamurahan batharadi | punapa tan yêktos | gêng abrôngta mangkana walêse | warti barang titah batharadi | barang ingkang pinrih | yèn nêmêntêmên. tinêmu ||

13. Narendra Rama ngandika aris | yayi kang mêngkono | durung gêguru iya yêktine | durung duwe pênganggêp kang yêkti | kasusu sumuci | bingung kêdalurung ||

14. mila datan kêna ginagampil | waluyane layon | ika mau kasiku sêmune | bangêting tapa kinibir yêkti | marmane kuwalik | dadak dadi kuwuk ||

15. tur kuwuke pilêk sarwi mêngi | tiwase kêlakon | dènnya masthi tan mawi sumendhe | barang karya yayi nêniwasi | poma dipun eling | rèhnya madêg prabu ||

16. kunêng kang agung kêlangên margi | mrih waluywèng layon | Sang Marutasuta ing lampahe | sampun kalampahan ingkang wêling | pan samargi-margi | rinuruh karuruh ||

17. sampun anjog [anjo...]

--- 488 ---

[...g] Ngayodya nagari | prabune duk miyos | siniwakèng wadya punggawandhèr | dumarojog Anoman duk prapti | ngarsèng Barataji | kagyat kang andulu ||

18. mangsah matur Ramadayapati | kawula kinongkon | de jêng raka paduka wiyose | narendraputra paring upêksi | dènnya mangun jurit | mangkya sampun unggul ||

19. rajèng Ngalêngka sampun kajodhi | jôngga sampun pêdhot | sabêdhahe Ngalêngka ing mangke | kang ingadêgakên narapati | pun Wibisanèki | karatone punjul ||

20. Dasamuka bela tanpa wilis | rêksasa rêrêmpon | mila raka paduka unggule | ing ayuda mêngsah lan dityaji | ratuning wre yêkti | Sugriwa pukulun ||

21. kang kinadang kinondhang ing jurit | lamine rêrêmpon | raka paduka mangke karsane | kundur dhatêng Ngayodya nagari | sang narpati kalih | dhèrèk atut pungkur ||

22. nanging karsane mêdal wiyati | pra dipati jomblong | kang miyarsa Anoman ature | Prabu Barata ngandikèng ari | Trugna undhangna glis | sagung punggawa gung ||

23. angêriga wowohan wanadri | sagung kêbon-kêbon | têtuwuhan pasangana kabèh | urut dalan iya lawan guci | wêragange sami | adhangna marga gung ||

--- 489 ---

24. kakang prabu ingkang badhe prapti | balane warna ro | ditya lawan wanara wadyane | ênggakêna sungapan jaladri | minane prasami | maringa kadhatun ||

25. buron alas kêrigana sami | parakna kadhaton | pirantine kaya sabên kae | wusnya parentah kundur narpati | Anoman kinanthi | kundur mring kadhatun ||

26. praptèng pura pra ibunya katri | ngaturan pawartos | lamun badhe praptane putrane | bala wanara lawan rasêksi | Dèwi Ragu nênggih | kumêpyur tyasipun ||

27. Dèwi Ragu sinjang dèrèng salin | sedane sang katong | iya sakesahe atmajane | anggung sêmèdi ing sabên ratri | mangkana miyarsi | kang putra mèh rawuh ||

28. kadya kayungyun luwaring brangti | wau ta sang katong | enjing sineba sapunggawane | arsa mêthuk samêkta wadyèki | gumêrah wadya lit | tuwin sri wadya gung ||

29. têtuwuhan angapit nèng margi | tan ana kang towong | Narpati Brata enjing angkate | mêthuk ing raka anganti margi | sapunggawa sami | jro pura pra ibu ||

30. gajah rata jêmpana tan kari | umiring sang katong | kunêng Brata wau pêngantine | Anoman tumut tan kêna têbih | gènira lumaris | lawan para ibu ||

31. jawi kitha dènira miranti |

--- 490 ---

tarub dènnya ngantos | wong Ngayodya kumukus barise | kadya yayah muja masêmèdi | badhe dèn têdhaki | mring Bathara Guru ||

32. kawuwusa sang anèng wiyati | wimananya anjog | bala rêksasa tumurun kabèh | rata puspaka aniyup sami | wadya kang ningali | wiyati lir mêndhung ||

33. tanganing buta yutan kaèksi | busêkan punang wong | gègèr gumuruh pan pêngrasane | Bathara Kala ngêdhuni bumi | arsa anyalini | bumine ginêmpur ||

34. wadya kang angon jaran prasami | malêdug rêbut gon | tan ana kang tolih turanggane | wadya ingkang adus jalu èstri | gugup tan atolih | bêbêd sinjangipun ||

35. wus tumêdhak wimana rêtnadi | kang mulat anjomblong | kadya wukir dahana tan pae | samya têdhak wanara rasêksi | kumêrab ngèbêki | danasmaranipun ||

88. Asmaradana

1. narendraputra nulya glis | sampun tumêdhak ing dharat | munya sèwu sêlomprète | kumêrab kumrêtêg ngayap | ampilan keri kanan | piyak bala Ngayodya wus | pra ibu têdhak sadaya ||

2. balane ngêbêki bumi | wus sami midhun sadaya | wau Sang Anoman age | mêlajêngi matur nêmbah | mring Sang Narendra Rama | ibu paduka [pa...]

--- 491 ---

[...duka] pukulun | punika katiga pisan ||

3. gupuh wong agung marani | mring ibu mangsah sumêmbah | rinangkul marang ibune | cumêmplong ibu tyasira | lir manggih rêtna yutan | waspandrês Sang Dèwi Ragu | adangu ngrangkul kang putra ||

4. gumanti Dèwi Kekayi | sinêmbah mring Ragutama | iya Barata ibune | nulya ibune Lêksmana | nênggih Dèwi Sumitra | katiga sinêmbah sampun | kathah kagagas ing driya ||

5. karasa tinutur sami | solahe duk kabêndana | tan wus dènnya rawat luhe | sagung kang samya tumingal | samya anglud ing waspa | dènnya sangêt kawlas-ayun | ing mangke praptaning suka ||

6. yayah muwarèng jaladri | awantu praptaning suka | Narendra Rama angawe | marang Prabu Wibisana | miwah Prabu Sugriwa | tinêdahakên mring ibu | prabu kalih sarêng nêmbah ||

7. katiga sinêmbah sami | mring sang prabu kalihira | pramèswari katigane | ngrêtèni têtamunira | sirêp wijiling suka | dènira ngurmati tamu | pinatut ing lêlungguhan ||

8. Narpati Brata nulya glis | mangsah sumêmbah ing raka | sigra dinudut astane | rinangkul kang sigra gantya | Rahadèn Trugna nêmbah | lawan sasêntananipun | kumrubut samya anêmbah ||

9. tuwa nom agêng [a...]

--- 492 ---

[...gêng] lan alit | singa mangsah-mangsah nêmbah | siji-siji panunggale | ajêjêl dangu tan têlas | kathahe kang sêntana | lir punagi sadaya wus | praptane Narendra Rama ||

10. Barata namudanèki | mring narendra kalih pisan | katiga sarêng dhêkune | wus tata dènira lênggah | Barata ngawe bala | gêntosi ampilanipun | sagung wanara prawira ||

11. wus dangu dènnya ngecani | mring sagung wadya sêntana | Narpati Barata age | angawe punggawanira | ingkang pênganjur lampah | budhal saking ing têtarub | Barata ngling mring Anoman ||

12. kinèn samya ngacarani | mring sagung bala wanara | miwah ditya sakathahe | sugata kang munggèng marga | sasuka-sukanira | Anoman ngundhangi sampun | wanara miwah rêksasa ||

13. kumrubut mèt sukanèki | wanara miwah rêksasa | gumêr angrêbut gucine | kang samya isi wêragang | danawa ting jalimprak | bala wanara kumrubut | sami angrêbut wowohan ||

14. myang wowohan adi-adi | sampun sadaya nèng marga | suka wanara solahe | kèh kalung cêngkir lan kacang | sukane kang wanara | manawa têlas ing ngayun | tan wruh yèn sangsaya kathah ||

15. lan sangsaya adi-adi |

--- 493 ---

gumuruh wre swaranira | miwah ditya ting galêmbor | kulub lan bêkakak samya | dhêdhêg saurut marga | munggèng bangku wus satumpuk | panggang bêlo lawan menda ||

16. sarwi sinandhingan guci | dadya têlas sukanira | danawa pating galêro | yèn andulu bêbadhogan | danawa ngrusak tata | miwah wanara andulu | wowohan kuwur tatanya ||

17. gôndawidanya tan kari | pinasang saurut marga | sêkar-sêkar warna abyor | miwah kang êpang-êpangan | tuwin anggit-anggitan | karang mangu karang mungkur | sêkar saosan danawa ||

18. saosan wara sami |Kurang satu suku kata: saosan wanara sami. sêkar êpang sasêmpalan | tinêngêran saosane | kang maring bala wanara | miwah bala rêksasa | mila tan ana kaliru | bisane Patih Ngayodya ||

19. kang matah sugata sami | danawa suka kalintang | katutugan sasolahe | wau ta nagri Ngayodya | tuwa nom èstri priya | jibêg tembak anèng lurung | andulu gustine prapta ||

20. sagung wanara bupati | miwah dipati rêksasa | tinata wau lampahe | lêbête sajro nagara | tiningkah bupatinya | sapatih-sapatih kumpul | golong sagolonganira ||

21. kumrêtêg wre lampahnèki | susun atub têtêl atab |

--- 494 ---

danawa barise golong | daludag lir lintah kumlab | kêndhang bèri wurahan | gumuruh swaraning diyu | kadya mangkat ing ayuda ||

22. ing ngalun-alun wus prapti | sumisih bala rêksasa | tembak nèng kilèn ênggène | bala wanara nèng wetan | atub matumpa-tumpa | punggawa ngabani sampun | ngrancana ngrakit kadya prang ||

23. parêng matêmpuh ngajurit | wanara mêre ibêkan | bala rêksasa anggêro | têmpuh pyuk pating jalimprak | rêksasa kiprah-kiprah | wre mêndhak amundhuk-mundhuk | dingkik-dingkik gulu molah ||

24. kagila-gila wre sami | kang pindha udrêg-udrêgan | kumêsar tyase kang nonton | giris kang samya tumingal | kang têmpuh rakiting prang | ting jalêrit lare dulu | yayah kadi prang tuhunya ||

25. malêdug kang nêningali | miris sagung wong lumajar | suka kacaryan kang anon | wèh ebat kang samya mulat | tênagane rêksasa | lan wanara solahipun | dènnya rakit prang sri nata ||

89. Sinom

1. Sri Mahaprabu Sampurna | praptèng panangkilan ririh | dharat dènira lumampah | sarwi anuntun kang rayi | Raja Putri Mantili | Rêtna Trijatha nèng pungkur | lan saparêkanira | ing wuri sang prabu kalih | ginarêbêg punggawa [pung...]

--- 495 ---

[...gawa] ditya wanara ||

2. kadya wus payunging jagad | jwalanira saprajadi | kasuksmaning bumi ratya | sang rat mahambêg basuki | Brata angacarani | narendra ing kalihipun | lajêng amanjing pura | kalihe samya umiring | ing lêbête Narendra Ramawijaya ||

3. wadya gung wus sinung prênah | para wanara dipati | lèring ngalun-alun samya | sugata prapta anggili | sagung bala rasêksi | sakilène ngalun-alun | wus tata kang sugata | anggili mawarni-warni | eca tyase wre ditya kang pamondhokan ||

4. wau kang manjing jro pura | kèndêl ing bale mas manik | wisma kang atêp-atêp mas | awuwung jumêrut wilis | lambange mutyaradi | pêkajakik sakanipun | wus munggèng singangsana | rêtna kalawan kang rayi | dènnya lênggah wong agung Ramawijaya ||

5. Mahaprabu Wibisana | lawan Sugriwa Narpati | munggèng dirgasana rêtna | wus samya tur sêmbah linggih | miwah Sang Barataji | nunggil lan narpati tamu | aglar punang saosan | lajêng dhaharan narpati | warna-warna nutug sawarnaning boga ||

6. Narpati Rama kêlawan | kang rayi Putri Mantili | dene narpati katiga | nunggil saambêngirèki | Ngayodya pra dipati | mantri satriya supênuh | Sang Truna Sudarsana | lawan [la...]

--- 496 ---

[...wan] Trugna angrencangi | dhahar lawan bupati wre lan rêksasa ||

7. jawining pintu kapisan | gumêdêr midêr kang larih | udan rum-arum hèr mawar | kêmbang-kêmbang angèbêki | nutug sakarsa sami | larih mayêng wantu-wantu | dhadhut wadhuking ditya | mêkar jajaning wre sami | gung siniram hèr mawar lan kêmbang-kêmbang ||

8. wuwuh-wuwuh owah-owah | sumilih salin-sinalin | sinêlan susulan anyar | angêt mêntas saking gêni | sinawung kêndhang suling | Anoman agung angidung | Saraba swaranira | dadakan kidunge sami | mêmbat-mêmbat awor ing suling swaranya ||

9. butane pating cukakak | ting gandhiyêk ambêksani | sukèng punggawa Ngayodya | mulat ditya wanarèki | wanara kang nêmbangi | macicil apacak gulu | dingkik-dingkik dhêdhangkak | mêdodong miwir kang samir | buta ngidung suling lodhong têmlawungan ||

10. ing jro nutug sukanira | ing jaba suka tan sipi | sinapih Hyang Bagaskara | sumorot anitih wukir | wre ditya pra dipati | wus samya mundur kêkuwu | Narpati Wibisana | lawan Sugriwa tan kêni | mêdal kinèn sarea nunggil jro pura ||

11. sinaosan pêsarean | prasamya rinukmi-rukmi | ataritis mirah nila | rêrawis anganan ngeri | wau

--- 497 ---

narendra kalih | anulya kinèn lumaju | sare tilam kumala | salamine nèng jro puri | sinami lan Barata Trugna Lêksmana ||

12. wong agung lawan kang garwa | tumamèng tilam maniti | jumantên nila pakaja | prasamya sae kawarni | kadya nganyar-anyari | lulut lèngkèt kadi pulut | mangun mangudasmara | ingangkat pangeka kapti | wusnya siyang mijil munggèng singangsana ||

13. Brata Gunawan Sugriwa | narendra katiga prapti | munggèng rêtna dirgasana | narpati katri panunggil | mêmangun kramaniti | wikrama karêm kramayu | nênggih ing sabên enjang | mangkana narendra tami | miwah sagung kasukan lan kêlangênan ||

14. anêlas kasukanira | suka nadhah anutugi | sukaning apuruhita | nutug amênuh-mênuhi | tètèhing tata titi | titih tinètèh satuhu | wutah tan sita-sita | asihe kinulit daging | pan ginandhèng kinondhang anatas nyawa ||

90. Mêgatruh

1. malih eca lênggah wong agung katêlu | munggèng dirgasana manik | Narendra Rama nglingnya rum | hèh yayi narendra katri | kêmba yèn tan winiraos ||

2. ing wong urip sadinane aja tungkul | asewagara lan tulis | palaning rèh aja pandung | budi agal budi wingit |

--- 498 ---

purwane tan lyan ing kono ||

3. nora kêna ginampil kang wus karuwun | marmana ala lan bêcik | ing bênêr kalawan luput | kang tinampik kang pinilih | purwane wruh saking kono ||

4. mila pasthi yayi yèn jênênging ratu | asiha ing pandhitadi | wiku-wiku kang kawêngku | ywa pêgat pinèt ingkang sih | rasukên dèn amrih kang wong ||

5. aywa ta amaoni rèh ingkang luput | anarik maring patitis | ambênêrakên rahayu | pasrahana lair batin | kang amêngku gampang ewoh ||

6. hèh ta yayi katri basa wiku-wiku | iku sêsakaning bumi | ing batin môngka pikukuh | ing lair punggawa yayi | ing rèh lumakwèng bot repot ||

7. aja pêgat arêrasan lawan wiku | wruhning tan antarèng batin | miwah punggawa gung-agung | aja towang ing panari | palane ing rèh tan keron ||

8. wêtuning kang beka winawas winuwus | amrih tan uwas ing wèsthi | wêwangêning siyang dalu | dèn ajak kaliru tampi | eman kang dadi lêlakon ||

9. kèhning beka ing rêtnèstri wijilipun | dèn sumôngga ing dewadi | rèh ing batin dèn kapupus | ratu wakil batharadi | babuning kinaot-kaot ||

10. èngêta ring pakartinta kinèn andum | kamurahan batharadi | aja

--- 499 ---

ewah ring pikukuh | lêgawèng tyas angukuhi | pakaning kang waskithèng don ||

11. aja nyipta kakurangan yèn ing prabu | têmah angandêli tipis | pandukirèng mawa kuwur | pan narpati tyasing bumi | tan kêna rèh walang-atos ||

12. tipis-tipis sêtyanira ing Hyang Guru | kongkulan rèh ing kasêktin | kawibawan ambêbatur | pususên tyas sônggarunggi | gampanga kang abot-abot ||

13. aja was-was wasisthanên dèn kawuwus | wawasên ubêding pati | bêbaya ing tyas wèh kuwur | yèn luput prajanirèki | nêmu pakewuh ing layon ||

14. yèn ing praja têrang rêntêng arêruntung | lawan kamulyaning pati | abote tinitah prabu | prabawane ambawani | amêngku ing gampang ewoh ||

15. nora sih yèn kuwure pamoring dunung | kawênangan ora êning | konang-onang winong anung | wênangi kêkurang wêning | lire tan kêna pinindho ||

16. yayi Prabu Wibisana salin wêwuwus |Lebih satu suku kata: yayi Prabu Wibisana salin wuwus. akèh pêngangkuhing pati | kang sawênèh ana muwus | besuk yèn ingsun ngêmasi | abali mring purwaningong ||

17. saking wahyu sawiji kamulyanipun | apêncar ngêbêki bumi | sun mati bali mring iku | aran asaling sawiji | pan dhingin tan ana roro ||

18. yayi iku wong kêburan [kêbur...]

--- 500 ---

[...an] kèbêr kabur | angabar datanpa dadi | yèn ingsun tan arsa tiru | yayi maras bok kuwalik | milu-milu kapilayon ||

19. sira Prabu Gunawan manêmbah nuhun | wong agung ngandika malih | yayi yèn ingsun tan ayun | kang sawênèh ana angling | besuk ing palastraningong ||

20. iya mêngko iya besuk anggêpipun | tan ana Hyang Otipati | jêbule wus anèng ingsun | ngong tênung nèng badan mami | Suksma Kawêkas wus ingong ||

21. iya iku ambêke wong bingung pêngung | ing jagad pêksa dhèwèki | cêcandhake sasar-susur | iku yayi yèn binudi | sarandu setan rêraton ||

22. pêksa nganggêp sarira Bathara Guru | satuwuhe misesani | lanang wadon ora siku | apan uwis saking siji | iya milane sinikon ||

23. iku yayi samar gêdhe aja tiru | wong gumampang angêngkoki | soso edaning pêngangkuh | iya iku dudu iki | iya kono dudu kono ||

24. mung mêngkono bae yayi mungguh ingsun | rèhning yayi borong budi | nguni Prabu Sasrabau | lamun tan arsa tinangkil | patihe bae kang kinon ||

25. Suwônda kang ngrasuk kapraboning ratu | ilang sipating pêpatih | siniwi ing punggawa gung | tan ana kang ngudanèni |

--- 501 ---

dinalih pasthi sang katong ||

26. kang waskitha môngsa kênaa kaliru | Suwônda-Suwônda yêkti | Sasrabau-Sasrabau | yèn lagi kinwarya silih | yêktilang sipating loro ||

27. yèn Suwônda bae yayi kang kadulu | sang prabu datan kaèksi | yèn Sasrabau kadulu | Suwônda datan kaèksi | dèn awas panunggal loro ||

28. apa iya ya Suwônda Sasrabau | yèn sira arani siji | tambung laku ing pangawruh | kuthuh dosa gung sirèki | gawat kacênthok kapêngkok ||

29. nora kêna sinêlak-sêlak pinêluk | mring kang ngadhang-adhang sisip | yèn roro anggêpirèku | têmah kèthèr maring êning | adoh kaêlêtan adoh ||

30. apan iku durung bênêr kalihipun | anglurus Suwônda Patih | gustine pan Sasrabau | nanging tan pisah tan tunggil | nora adoh nora amor ||

31. nêmbah mèsêm Prabu Gunawan tumungkul | wong agung mèsêm sarya ngling | pagene yayi tumungkul | apa na karasèng galih | Prabu Ngalêngka wotsinom ||

32. môngsaboronga jêng gusti ingkang mêngku | ing wasana amurwani | Brata Sugriwa tumungkul | prayitna sinawo ngliring | muji mring Ngalêngka katong ||

33. ana malih yayi wiku kang amuwus | besuk [be...]

--- 502 ---

[...suk] yèn ingsun ngêmasi | atunggu cahya pan iku | dununge Hyang Otipati | nadyan besuk nadyan mêngko ||

34. sun ciptaa cahya sayêkti tinêmu | yèn mati pan ingsun kawin | lan Gusti Sang Hyang Linuhung | salêkêre wisma mami | tan kêna kari lan ingong ||

35. kang mêngkono wong luput kalaut-laut | wong pasang kapesing-pesing | wong katut têtêp tinutut | pan gustine salah dalih | kasusu tan waskithèng don ||

36. iku yayi dèn prayitna ing tumanduk | Prabu Ngalêngka wotsari | mugi èstua pukulun | nugraha sabdaning gusti | pinrih mêmanising layon ||

91. Dhandhanggula

1. datan pêgat salaminirèki | nèng Ngayodya Sang Prabu Ngalêngka | lan Sang Prabu Kiskêndhane | kadya udan rum-arum | prabawane wibawa budi | yayah ngeja panjuta | tyasira rumasuk | kapasuk agênging trêsna | Sri Gunawan Wibisana wuh undhagi | miwah Prabu Sugriwa ||

2. agung wulang wulangun kalingling | lênglêng dene rasaning surasa | kêrasane rêrasane | rarasing arum-arum | wuh kawangwang wuh ing wêwangi | wêwangunan Ngayodya | waluyaning ayu | nutusing krama wikrama | pira-pira undhake kaprabon adi | tan wus pinudyèng jagad ||

3. katri pitung ari pitung ratri | siniram [sinira...]

--- 503 ---

[...m] ing toya puruhita | trus angên-angên mangêne | tatas saking rèh putus | apandhega sundhul undhagi | ri èng rasa-rumasa | umilêt kalulut | pamawasing pamisesa | nora wawas kawawas wuwusing wèsthi | wasistha Astha Brata ||

4. kadya tilam tamalagna-lagni | tan lênggana lêgawa liningga | mawèh surasa katalèn | katula tatalipun | gandaning kang jênu ngênani | ngunadikèng kênônga | sumarsana mawur | raras ning kang onang-onang | sainganing panjuta angujwalani | madrês wêrdi kadêrman ||

5. wahya winuwus catur dasa ri | nèng Ngayodya Sang Prabu Gunawan | lan Sang Sugriwa wus dene | sang atiti tinêmu | kataman ing marta utami | rarasing karêsikan | pan mungguh katangguh | tan suminggah ing agagah | gagananggung kagean amigunani | Gunawan Wibisana ||

6. rêngganing suka magêng sênggani | mèh pinupus papa kawiswara | paripurna pangasihe | surasaning manusung | lara larat suda mawêrdi | ibêkan ambêk suka | lumulunging gadhung | lumur lumêr maliwêran | darma miyat-miyat tan isangkênèng sih | Gunawan Wibisana ||

7. bala wre ditya ing sabên enjing | winêlêg kulub sapi minasak | linêmêng gulèn-gulène | angêt-angêtan mangut | panggang kuda pêpêcêl [pêpêcê...]

--- 504 ---

[...l] kancil | buta bêkakak warak | kêbo binatutu | kêkabelaning danawa | pindhang banthèng miwah wre kang doyan masin | tinuwuk tinutugan ||

8. bênêm-bênêm asêm-asêm sami | tagih têkan miwah sêsaratnya | ladhu-ladhu sale-sale | kecap kinêcêr jêruk | mêmbut-mêmbut awaking yaksi | tan ana kakurangan | ing sadinanipun | sugata kathah kang turah | langkung samya wuwuh sumungkêm mêmuji | mring sang prabu utama ||

9. agung bujana ing sabên ari | narendra tamu sami tinêkan | bujana lan kasukane | Narpati Rama agung | karêsikan mangun karêsmin | tutug rasa surasa | mêmardi ing kayun | wus kalok ing pramudita | yèn sira maha lêlana anyar prapti | bêdhah nagri Ngalêngka ||

10. èstu jaya kajayaning jurit | purusotama utamèng jagad | ambêk pararta martane | dadya praja kèh nungkul | datan mawi pinagut jurit | kèh prapta puruhita | para ratu-ratu | mangkana prabu kalihnya | wus alami sêdya samya nuwun pamit | prabu miyos bujana ||

11. munggèng made ing pandhapa manik | tinimbalan sagunging satriya | miwah prabu katigane | Brata Sugriwa sampun | Wibisana wus nunggil linggih | nèng rêtna dirgasana | narendra katêlu | Bathara [Ba...]

--- 505 ---

[...thara] Ramawijaya | munggèng singanasasingangsana. lan Rêtna Mantili | eca samya bujana ||

12. Rêtna Trijatha dèn busanani | maring Putri Sang Mantilidirja | sadandananing kaputrèn | saparêsikanipun | kêndhaga mas isi mas manik | angêt-angêt akathah | myang golèk jumêrut | tan kêna ngetung jinira | bêbêktaning Sang Rajaputri Mantili | maring Rêtna Trijatha ||

13. langkung suka Trijatha Sang Putri | ya ta wau ingkang wus kadawan | norantèk suka langêne | jaba jêro anutug | ingkang langên jroning kamuktin | wau ta munggèng rêtna | ing made jumêrut | lan ing rêtna dirgasana | angandika Narendra Rama mlas-asih | mring prabu kalihira ||

14. hèh yayi Sugriwa sira mulih | lan ari Gunawan Wibisana | apuranira dèn akèh | lan liwat sukaningsun | iya lawan sakadang mami | sira kang asung suka | marang ibu-ibu | miwah sagotra Ngayodya | sira ingkang mawèh suka gêng tan sipi | wèh tuwuh sanagara ||

15. aywa gingsir pambêkaniraji | paramarta apura utama | bakuh wêkasan luhure | prabu kalih anuhun | datan pêgat winulang kalih | wau Rêtna Trijatha | kang agung winuruk | maring wau Dèwi Sinta | pratikêle wong urip têmahan pati | wutah sadriyanira ||

16. angandika [anga...]

--- 506 ---

[...ndika] putri ing Mantili | babo nini aja lawas-lawas | nuli tinjoa marene | Rêtna Trijatha matur | gih-gihane ta uwa dèwi | kula masa bêtaha | lami tan atêmu | sang rajaputri ngandika | sakèh-kèhe panggawe ing nguni-uni | bok ana luput ingwang ||

17. nini duk ing jro pura ing nguni | iya anèng taman Argasoka | sapa nyana yèn mêngkene | sira wèh tuwuh ringsun | sèwu wurda trêsnanirèki | luwarna dosaningwang | nini ring sirèku | kawangwang panggawenira | panggawèngsun mung puja sêmadi mami | nini prapta ing sira ||

18. sigra nêmbah Trijatha nulyamit | rinangkul sarta mawi karuna | sigra lajêng mring ênggone | Bathara Rama sampun | anèng made pandhapa manik | nêmbah Rêtna Trijatha | mangraupi suku | ngandika Narendra Rama | iya nini dèn agung apuranèki | ingsun lan ibunira ||

19. wre prawira kabèh dèn timbali | kerid maring Anggada Anoman | sumêmbah ngraup padane | gantya-gantya kumrubut | sang narendra ngandika aris | ya kabèh sukanira | sagung anak putu | kabèh wanara manggala | matur nêmbah manuhun wre pra dipati | lèngsèr saking ngayunan ||

20. sigra nêmbah sang narpati kalih | samya ngraup padaning narendra | kalihe [ka...]

--- 507 ---

[...lihe] samya lumèngsèr | Narpati Brata sampun | mijil saking pura ngundhangi | sagung punggawanira | lawan Trugna tumut | angatêr jawining kitha | mring budhale wau sang narendra kalih | wangsul jawining kitha ||

21. tri gumuruh wadya kang lumaris | ditya samya amêsat ngêmbara | miwah wre kang gêdhe-gêdhe | lawan ta prabunipun | tan kawarna ramening margi | bala wre lan rêksasa | wuwusên ing pungkur | Narendra Ramawijaya | wus lêstari amayu isining bumi | èstu payunging jagad ||

22. saenggane wrêksa gêng waringin | êpangira tutug sapawarta | dènnya ngaubi jagade | mêngku ing aub-aub | tri buwana kauban sami | saksat Sang Hyang Marmata | susilanirayu | mênuhi wisayanira | tri buwana pinasuk rêsêpe sami | rumêsêp wanginira ||

23. para êmpu kang nuragèng kawi | Yogiswara aksi manirèng rat | kasabana lêlabête | sumawur ing rum-arum | kang tulus ing parikramadi | kramaning tri buwana | arjaning tumuwuh | rahayuning raja-raja | arjaning kang prajane sawiji-wiji | kabèh padha arjaa ||

24. pan kumêsar sarjana prasami | miyarsa rèh jagad aruhara | minta Hyang Wisnu turune | marmaning Hyang tumurun | ngusadani isining bumi | tumitah mring Ngayodya | Sri Bathara Wisnu |

--- 508 ---

mangkya sampun kalampahan | dene Wisnu sirna rêrêgêding bumi | mulyaning pramudita ||

25. wau lampahe narendra kalih | Prabu Sugriwa praptèng Kiskêndha | wus panggih lawan garwane | wanara sadaya wus | prapta wisma kang pra dipati | sacaraning manungsa | pan dèrèng rumuhun | kasusu panglurugira | mangkya mangun kaprabon sawulangnèki | Prabu Ramawijaya ||

26. Sri Gunawan Wibisana prapti | sawadyane nagari Ngalêngka | linêstari wêwulange | Ramawijaya Prabu | sakêdhèp tan kêna ginêmpil | prabawa paribawan- | nira sang aulun | arjane nagri Ngalêngka | salamine cinatur tan kadi mangkin | Narendra Wibisana ||

27. dityanira lêmu-lêmu sami | buta nyarungus pan ora nana | buta durjana sirnane | murka-murka katawur | buta ayêm-ayêm prasami | tan ana doracara | kabèh danawayu | pratôndha Hyang Jagadnata | datan angèl kang ala ginawe bêcik | sumêbar ing kaharjan ||

28. Prabu Kawêkas putus mêkasi | bengkas durcara ramyakkên jagad | misesa sampurnaning rèh | mamêrdu buwana rum | akèh para misesa prapti | datan asubasita | mrih manuhara rum | mring Gunawan Wibisana | sananing rum rumêsêp anrus tyas êning | rasaning rat sumbaga ||

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...