Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 01-17)

Katalog:Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294
Sambung:
1.Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 01-17). Bahasa dan Budaya | Wayang #1104.
2.Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 18-39). Bahasa dan Budaya | Wayang #1105.
3.Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 40-61). Bahasa dan Budaya | Wayang #1106.

Sêrat Kôngsa Adu-adu

--- [0] ---

...

--- 1 ---

1. Sinom

1. sinawung sêkar srinata | mrih tatanirèng panulis | têlasing bale sagala | lakone kinarya ganti | sayêkti mung nyambêti | Jaka Kôngsa adu-adu | dumugi Rajamala | ingabên kadange kalih | Arya Rupakenca myang Kencakarupa ||

2. wau ta ingkang bêbuka | kinarya jêjêring tulis | kahyangan Saptapratala | anênggih Hyang Nagabumi | ingkang nuju siniwi | para Pandhawa sadarum | myang Kunthi Naribrôngta | Sêmar Bagong datan kari | samya dhêku ngarsèng Hyang Anantaboga ||

3. sawusira Arya Sena | dhinaupkên lawan Dèwi | Nagagini yu utama | wus runtut sapalakrami | langkung dènira asih | sinihan kalihe nutug | mangkana Hyang Ananta | pangandikanira aris | marang para Pandhawa sadayanira ||

4. he kaki sira wêruha | witing rusak iku saking | rusiya lawan Kurawa | rêkasa wêkasannèki | lire kasrakat dadi | lêlakon ananging kulup | lakon kang wus kawuntat | poma aja sira pikir | ingkang durung kewala waspadakêna ||

5. wong ingkang lagya kataman | marang sêsakiting ati | matrapêna patang pangkat | tata kalawan nastiti | têtêg lan ngati-ati | kapindho pitutur ingsun | wong ingkang lagya nandhang | rêkasaning manah kaki | kikisane ngrêgêma catur prakara ||

6. kang dhingin kandêling manah | kapindho bandêling budi | kaping tri kêndêling rahsa | ping pat kumandêla maring | ingkang amurbèng urip | kalawan manèhe kulup | lamun lagya anandhang | sangsara rêkasèng dhiri | aja kêmba angimbanga catur warna ||

7. dhingin bêtah pindho ngangkah | kaping tri dèn lêmbah kaki | kaping pate amêmakah | kanthia ênêng lan êning | ênêng mênênging budi | êning wêninging pandulu | Rahadèn [Rahadè...]

--- 2 ---

[...n] Darmaputra | umatur saha wotsari | langkung nuwun saha pamundhi kawula ||

8. ing wêwarah jêng paduka | mugi sagêda nglampahi | Bathara Anantaboga | malih angandika manis | nèng manèh babo kaki | iya ing pitutur ingsun | rèhne jêngira arsa | suwita ing narapati | wêkas ingsun poma dipun èngêt sira ||

9. jênênge kawula anyar | ywa pisan rumasa kaki | padha lan kawula lawas | kawula kang lawas ugi | aja rumasa sami | lan kulèng kaparêg kulup | kawula kang kaparag | ya aja rumasa sami | lan santana de yèn ingakên santana ||

10. aja kongsi sumantana | karana jêngira aji | ingkang ingakên santana | amuhung kang bênêr kaki | kalawan santosèki | lan malihe wêkas ingsun | yogya angawruhana | kulup mungguhing kadadin | nistha madya utamane wong ngawula ||

11. iku amitung prakara | kang dhihin pitutur mami | nisthane ing wong ngawula | amangro sirah ping kalih | bôndha samitra ping tri | sarana tur ping patipun | makolèhake badan | sanak rayat sasamèki | ping limane sakuthu mêngku gustinya ||

12. ping nêm nora nêtêpana | pakarya kang dadi wajib | barang wajibing kawula | sapta irèn mèrèn maring | kônca imuling pamrih | mungguhing madyanirèku | jênênge wong ngawula | ya uga pitung prakawis | kang sapisan tabêri pakaryanira ||

13. pindho gugu mituhua | sapangandikaning gusti | ping tri dèn bisa anômpa | kang dadi dhawuhing gusti | ping pat gêlêm nglakoni | ing rèh parentahing ratu | ping lima anarima | ing pandum ping nêm awêdi | ingkang dadya pêpacuhaning narendra ||

14. ping pitu tansah ngangona | wahyaning môngsa kalèki |

--- 3 ---

utamane wong ngawula | iku ya pitung prakawis | siji poma dèn gêmi | marang kagunganing ratu | kapindho ingkang bisa | nasabi wadining gusti | kaping têlu nastiti wêlinging nata ||

15. ping pat angati-atia | mring solahbawanta kaki | ping lima angawruhana | kêdhap sasmitaning gusti | karsanira kang dadi | ping nêm dèn santosèng kalbu | marang panyoba miwah | pêpasangane ing gusti | kapitune dèn mantêp madhêp manawa ||

16. binoboting karya lawan | ing pakewuh aja gingsir | tumêkèng patyandhêmana | dene kulup ingkang dadi | ing pawitanirèki | uwong kang suwitèng ratu | ana limang prakara | siji guna bokmanawi | kaki sira kanggo kapintêranira ||

17. aja ngadi-adi sira | pindho sarana manawi | kalêbu rajabrananta | aja rumasa sirèki | potang kaping tri sakti | yèn katrima kasaktènmu | poma ja sumakeyan | kang kaping pate awani | lamun kapracaya kêkêndêlanira ||

18. poma aja andaluya | ping lima nurut manawi | kêrêp dinuta ing nata | aja andaluya kaki | dipun tumêmên wêdi | anadene wajibipun | ing wong ngawulèng nata | uga mung awas lan eling | ing têgêse awas marang bênêr lêpat ||

19. eling marang bêcik ala | gonira matrapkên kaki | kêdaling lesan kalawan | obahing badan puniki | yèn bênêr mapan dadi | bêcika wêkasanipun | yèn luput dadi ala | ing wêkasane sumarmi | sakêdaling lesan saobahing badan ||

20. patrape anganggo êmpan | anganggo papan yèn linggih | akanthia duga-duga | kalawan watara ugi | ywa tinggal pamrayogi | utawi rêringa kulup |

--- 4 ---

wus samono kewala | cukup ing pitutur mami | ora liwat manira mung jurung puja ||

21. sun rewangi amêminta | dera Sang Hyang Udipati | katêkana sêdyanira | basukia anèng margi | manggya bêgja gêng kaki | Dyan Darmaputra wotsantun | pukulun sang bathara | kalingga murda sayêkti | ing wêwarah tuwan sadaya punika ||

22. mugi sinêmbadèng dewa | kawula sagêd nglampahi | mundhi pangèstu paduka | kawula anuwun amit | kewala ri puniki | mangkat mring ngarcapadèku | Bathara Antaboga | ngandika amêmalatsih | lah wus padha nitiha pêthit manira ||

23. sami angêrêmna netra | dan mangsah kusuma Kunthi | saputranira Pandhawa | ri sampunira ngabêkti | wangwang anitih pêthit- | ira Hyang Nagabumiku | sarêng ngêrêmkên netra | molah Sang Hyang Nagabumi | kinipatkên kang nitih sami kaplêsat ||

24. kabuncang sami sakala | dhawah wontên satêpining | kang aran guwa Sigrangga | sadaya atiba linggih | pangraosira kadi | supêna kalane turu | lilir tan kara-kara | wus inggar tyasira sami | dènira wus wangsul anèng ngarcapada ||

25. Dèwi Kunthi angandika | lah kakang Sêmar sirèki | ing mêngko sira kajibah | dadia grêmaning margi | Lurah Sêmar wotsari | inggih ngong lumakyèng ngayun | amung aminta dhawah | ingkang jinujug mring pundi | angandika Rêtna Kunthi Naribrôngta ||

26. anjujug praja Wiratha | nanging kakang laku iki | dhawuhe Hyang Antaboga | kinèn ngliwatana lêngis | salambungirèng wukir | Maendra lèr wetanipun | Lurah Sêmar sandika | lajêng alêkas lumaris | Sêmar Bagong kang môngka grêmaning marga ||

27. kunêng ingkang lumaksana |

--- 5 ---

gantya kang winarna malih | sayêkti sarêng lampahnya | nging èwêt pinurwèng tulis | mila kinarya ganti | mangsuli caritanipun | garwa Sri Basudewa | Maerah wusnya sêsiwi | pinondhongan mring patapan Wukirgora ||

28. dening Brahmana Suwôngsa | myang Suratimôntra nguni | sawadyabala rêksasa | tutwuri Maerah Dèwi | mring Wukirgora srami | ing mangkya Maerah sunu | nama Ki Jaka Kôngsa | bangbang maruta wêwangi | ri sêdhênge diwasa Ki Jaka Kôngsa ||

29. pinuja-puja ring paman | Suratimôntra supadi | Ki Jaka dadya sarana | dènirarsa ngrusak nagri | Madura angukumi | marang Basudewa Prabu | miwah sakadangira | dènira amêmêjahi | ingkang raka Yaksendra Sri Gorawôngsa ||

30. Ki Jaka Kôngsa sêmbada | lan paman pujinirèki | ambêke Ki Jaka Kôngsa | bèrbudi asih ing dasih | sura prakoswèng jurit | dhasar birawa gung luhur | lêlêkêring wadana | tiru Gorawôngsa Aji | amung ana iribe darah manungsa ||

31. mangkana Ki Jaka Kôngsa | tansah winulang kasaktin | kaprawiran kawijayan | kasudibyan amumpuni | putus olahing jurit | môndraguna surèng kewuh | agal rêmit tan kewran | bisa ajur-ajèr manjing | dupi sampun kawangwang kagunanira ||

32. kang paman miwah bunira | kasok sihira mring siwi | sêdene bala rêksasa | sih lulut sabayapati | nahên dina sawiji | Brahmana Suwôngsa nuju | lêlênggahan kalawan | Arya Suratimôntrèki | Sang Kusuma Maerah myang Jaka Kôngsa ||

33. lan catur punggawa ditya | môngka gul-aguling jurit | sira Arya Baradhana | Arya Erangkara tuwin | Bagaskara catur wil |

--- 6 ---

ban Talangkara ing ngayun | marma samya pinêpak | Arya Suratimôntrapti | andumugèkakên rêmbag kang kawuntat ||

2. Pangkur

1. alon ing pamuwusira | wil Suratimôntra marang sang rêsi | kakang Suwôngsa karsèngsun | rèhne putra andika | kaki Jaka Kôngsa pan wus sêdhêngipun | diwasa lamun sêmbada | badhe kula jak sumiwi ||

2. mring Madura atur priksa | ing Sang Prabu Basudewa manawi | putra pêpatutanipun | saking kangbok Maerah | mijil priya ing mangke diwasa sampun | inaranan Jaka Kôngsa | karsane kakang bok dèwi ||

3. dene sagêde widada | inggih saking pitulunge Sang Rêsi | Suwôngsa Wukirgorèku | ing mangke Jaka Kôngsa | sinumanggakakên marang sang aprabu | kalamun botêna karsa | angakêni Kôngsa siwi ||

4. punika kajêng kawula | ginitik prang nêdya rêmpon ing jurit | môngka pamalêse ukum | sedane kadang kula | mênèk kasor ing yuda nêdya lir sulung | lêbu ing gêni wasisan | sampuna kari sawiji ||

5. dene lamun kaki Kôngsa | dipun akên lawan Madura Aji | kula suwun tandhanipun | sagêda madêg raja | mudha saha ginadhang-gadhanga pungkur | gantyani natèng Madura | lah punika saya gampil ||

6. nênggih pamasalahira | mrih lêbure Basudewa Sang Aji | sakadang warga sadarum | kulèsthi sirnanira | Sang Brahmana Suwôngsa nambungi wuwus | inggih adhi kasinggihan | rêmbag andika puniki ||

7. kula inggih ngayubagya | wil Suratimôntra manabda malih | kadospundi kangbok ayu | punapa ta sêmbada |

--- 7 ---

inggih ingkang dadya sêdya kula wau | Rêtna Maerah saurnya | ya yayi sun nêmbadani ||

8. wil arya malih ngandika | babo kaki Kôngsa sira dèn kêni | kinarya sarananipun | benjang yèn praptèng praja | ing Madura mênèk lakune pakantuk | poma dèn saekapraya | aja kongsi nyuwalani ||

9. kênaa jinago sira | Jaka Kôngsa ature paman inggih | môngsa malecaèng wuwus | lamun suwawi paman | dipun nuntên kewala sampun kadangun | wil Arya Suratimôntra | aturira mring sang rêsi ||

10. lamun wus sami sambada | pangkat kula benjang ari punapi | Brahmana Suwôngsa muwus | pênêde benjang-enjang | kaparêngan ari miwah mangsanipun | tanapi pananggalira | sampun tamtu dèn ajrihi ||

11. tinurut saujarira | wil Suratimôntra suka ing galih | lajêng ondhang-ondhang sampun | wadya wil kèn saningga | badhe lajêng marang Madura praja gung | wil bala kalangkung suka | gya tata-tata miranti ||

12. sapalakartining lampah | sawusira samya samaptèng karti | enjangira budhal sampun | sagung wadya rêksasa | saking Wukirgora andulur asêlur | wus kêbut saking patapan | wus lêpas lampahirèki ||

13. kunêng lampahing rêksasa | gantya ingkang kacarita nagari | Madura ing dina nuju | Narpati Basudewa | miyos siniwaka wontên sitiluhur | siniwèng wadya balabar | kadya robing jalanidhi ||

14. pêpêkan mantri punggawa | myang santana ingkang parêg ngarsaji | sira risang mantringayun | Patih Saragupita | miwah ari nata kalih Arya Prabu | Rukmaka tuwin Rahadyan | Arya Ugrasena sakti ||

15. samyeca [sa...]

--- 8 ---

[...myeca] imbal wacana | kang dinangu tan lyan sang rajasiwi | tri pisan ingkang dumunung | nênggih Widarakandhang | Arya Prabu Rukmaka ingkang umatur | ngaturkên sasolahira | kang putra tri langkung wasis ||

16. wasis ing olah tanaga | miwah wasis pamicara patitis | Sri Basudewa Sang Prabu | saklangkung sukanira | dèrèng dugi dènira andangu sunu | kasaru gègèring jaba | kapiyarsèng pôncaniti ||

17. sri narendra asasmita | tanggap Risang Saragupita Patih | madal pasilan wotsantun | praptaning pangurakan | andangu kang dadya gègèring wadya gung | dupyantuk warta têtela | Saragupita Ki Patih ||

18. sakêdhap mring sitibêntar | praptèng ngarsa nata matur wotsari | pukulun jêng sang aprabu | mênggah gègèring jaba | garwa nata Dèwi Maerah puniku | kondur saha mawa putra | ingiring dening rasêksi ||

19. môngka pangarsaning lampah | ditya Arya Suratimôntra Patih | amawa bala wil agung | ngalun-alun kèbêkan | taksih kirang papan sanggèn-ênggènipun | kèbêkan bala rêksasa | sakapraboning ajurit ||

20. wil Arya Suratimôntra | kula dangu ing lampahira gusti | nêdya sumiwèng sang ulun | tan kêna pinalangan | parikêdah pisowanira wil wau | ing mangke sumonggèng karsa | kagyat Sri Basudewaji ||

21. miyarsa aturing patya | langkung saking kumêpyur jroning galih | sapandurat nora muwus | mung kang rayi kewala | Arya Prabu Rukmaka liniring wau | ingkang liniring rumasa | kalêpatanira nguni ||

22. marma tumungkul kewala | Prabu Basudewa ngandika aris |

--- 9 ---

Saragupita dèn gupuh | balièng pangurakan | têka turutana ing pisowanipun | dityarya Suratimôntra | iritên mring ngarsa mami ||

23. Saragupita tur sêmbah | lèngsèr saking ngarsane sri bupati | mring pangurakan tan dangu | wangsul ing ngarsa nata | sarta ngirit Maerah Sang Kusumayu | miwah sira Jaka Kôngsa | myang Suratimôntra Patih ||

24. sang prabu kalangkung ewa | sukêr miyat marang Maerah Dèwi | nanging sinamun ing sêmu | samudana nambrama | mara kene yayi Maerah alungguh | Sang Dèwi Maerah sigra | sumungku pada sang aji ||

25. sarwi alara karuna | kathah ingkang karasa jroning galih | kalêpatanirèng dangu | ri wusnya ngèstupada | sang kusuma alênggah maksih rawat luh | adrês pan kadya turasan | gya Ki Jaka Kôngsa gênti ||

26. umèstu padaning rama | sawusira Suratimôntra Patih | umatur sarwi wotsantun | pukulun sri narendra | kamipurunipun kang abdi umatur | wontên ing ngarsa paduka | kabêkta wêlasing galih ||

27. marang garwa padukendra | Sang Kusuma Maerah nèng wanadri | adarbe putra kalangkung | saking amêlasarsa | rèhning putri kang sarta garwaning ratu | kawêlasarsa nèng wana | lajêng kawula tulungi ||

28. angupakara sang rêtna | botên dangu wontên brahmana prapti | saking Wukirgora nêngguh | nama Rêsi Suwôngsa | lajêng amondhongi sang rêtna pukulun | akathah pitulungira | ngantos dumugi samangkin ||

29. putra tuwan wus diwasa | sinung parap dening Suwôngsa Rêsi | Jaka Kôngsa ajêjuluk | kae bangbang maruta |

--- 10 ---

rèhning sampun diwasa rumasa ulun | owêl dibya santikanya | marmane amba aturi ||

30. sowan ing ngarsa paduka | kang supadi tuwan karsa ngakêni | dhumatêng putra pukulun | mangkana sri narendra | myarsa ture Suratimôntra kalangkung | trênyuh tyasira sang nata | rudah gêng manawung kingkin ||

3. Asmaradana

1. dangune ginalih-galih | badhe nyelana têmah |Kurang satu suku kata: badhe nyelakana têmah. si dibya gawe bekane | sarta panggalihe nata | kèngêtan duk samana | winangsit dening dewa gung | putrane katiga pisan ||

2. kinèn nitipakên sami | Antagopa anèng desa | Widarakandhang têmahe | ature Suratimôntra | lamun tan tinuruta | sayêkti gawe pakewuh | tuwin sang prabu rumasa ||

3. kênèng sikuning dewa di | sisip têmbire manawa | mêcah praja Madurane | ananging lamun tinômpa | sapira gênging coba | dadya lantaran saèstu | kanugrahanirèng dewa ||

4. nanging ing batin sang aji | anêtah mring arinira | Arya Prabu Rukmakane | dinuta têmah sêmbrana | inandêl andaluya | nanging pinupus ing kalbu | mung cobi panampènira ||

5. mangkana ngandika aris | hèh iya Suratimôntra | sanyatèku anak ingong | mara kulup Kôngsa inggal | ngabêktièng manira | sarta marang pamanamu | karoku padha riningwang ||

6. Jaka Kôngsa gya ngabêkti | mring rama myang ring kang paman | sakalihan ing laire | suka ing batine ewa | mangkana Sri Narendra | Basudewa ngandika rum | kaki Kôngsa mêngko sira ||

7. sun [su...]

--- 11 ---

[...n] paringi prênah ugi | dumununga kadipatyan | lan yayi Maerah kowe | amonga ing putranira | ana ing kadipatyan | kang liningan nêmbah matur | pukulun inggih sandika ||

8. sang prabu ngandika malih | de sira Suratimôntra | ingkang minôngka êmbane | putraningsun Jaka Kôngsa | miwah sun sungi pangkat | punggawa êmban pangayun | pêpatih ing kadipatyan ||

9. sagunge bala rasêksi | gêdhe cilik lastarèkna | apa pangkate maune | lêstari kawêngku sira | wajib murba misesa | mung yèn ana karsaningsun | lagi nyangkul karyaningwang ||

10. pangane ya saka mami | pira maune uga |Kurang satu suku kata: sapira maune uga. ywa sinuda sakabèhe | Suratimôntra tur sêmbah | inggih gusti kawula | sakônca kalangkung nuwun | ing sih parimarma nata ||

11. narendra ngandika malih | hèh Patih SaragutitaSaragupita. | kang bala ditya sagunge | sungên prênah sowang-sowang | patih matur sandika | wusnya têlas dhawuh prabu | lajêng jêngkar angadhatyan ||

12. kondur marang kênyapuri | kang sewaka sowang-sowang | mulih marang ing prênahe | sira Risang Jaka Kôngsa | kinèn laju kondura | maring kadipatèn sampun | binangun tulyasri raras ||

13. tuwin kang ibu Sang Dèwi | Maerah tuwin kang paman | Suratimôntra kondure | ugi maring kadipatyan | nadyan wus pinaringan | prênah priyôngga puniku | sang wil arya tan kêna sah ||

14. kêrêp wontên kadipatin | mangkana datan winarna | Ki Jaka Kôngsa lamine | wontên nagari Madura | apan sampun kasusra | Ki Jaka Kôngsa kasêbut |

--- 12 ---

nama Radèn Arya Kôngsa ||

15. ambêke kalangkung êdir | daksiya apuwa-puwa | mung murka angkara bae | tindake sawênang-wênang | marang wadya Madura | tanpa kering tur adigung | kumalungkung gêgêndhungan ||

16. ingugung lan kang ramaji | ing karsa tan pinalangan | pan amung linajur bae | ing môngsèku wong Madura | sami nawung sungkawa | awit saking rajasunu | sukane karya sungkawa ||

17. tan ana labête kêdhik | ring wadya paring apura | asiya-siya patrape | misesa kalawan niksa | asihe Radèn Kôngsa | mung marang pra wadya diyu | sinungga-sungga pinindha ||

18. kadang tunggil yayah bibi | milane kinameranankinamèrenan. | marang wong Madura kabèh | mangkana ing lama-lama | sira Rahadèn Kôngsa | ing kadipatèn binangun | ingêlar winangun kitha ||

19. dhinapur drigama rungsit | pan mawi jagang jinugang | kinapurancang pinggire | jagange bancang sakawan | wanguning padalêman | pinêtha purèng kadhatun | kasor purane kang rama ||

20. dènira bangun tan mawi | atur uningèng kang rama | anuwun idi padene | kang rama jêng sri narendra | mung winêngku kewala | pasthi tan dadya sakipun | galihe Sri Basudewa ||

21. antara pambarunèkipambangunnèki. | ing pura wus paripurna | Rahadèn Kôngsa ing mangke | ngaturan dening kang paman | Suratimôntra ika | supaya karsa nênuwun | têtêp madêg raja mudha ||

22. Kôngsa tan sawalèng kapti | nênuwun marang kang rama | adêgira prabu anom | kang rama Sri Naradipa | anuruti kewala | samana Dyan Kôngsa sampun | ingadêkkên raja mudha ||

23. kasêbut prabu [pra...]

--- 13 ---

[...bu] taruni | nama Arya Prabu Kôngsa | wus waradin dhang-ondhange | adêke sang raja mudha | limrah wong samadura | dènira nganggêpa wau | marang Arya Prabu Kôngsa ||

24. sangsaya budinirèki | mungkar murka angkaranya | mêsesa wasa-wasane | gung aniksa siya-siya | marang wong ing Madura | kunêng kang lagi margiyuh | wong sapraja ing Madura ||

25. gantya kang pinurwèng kawi | mangsuli caritanira | para Pandhawa lampahe | duk saking guwa Sigrangga | nêdya marang Maendra | ing lêmpèng lèr wetanipun | lampahe kawêlasarsa ||

26. mudhun jurang-jurang trêbis | sumêngka sêngkaning arga | malipir pèrèng lungure | parang parung parejengan | sinêrung tinarajang | ing sungil-sungil sêsiluk | manusup-nusup sinasak ||

27. bêbondhoting êri bandhil | rumèndhèt-rèndhèt sarira | pinêksa sinêrang bae | tan wrin pringganing bêbaya | ubayaning wardaya | suka matièng wana gung | yèn nuli nora tumêka ||

28. ingkang sinêdya ing kapti | tarlèn mung praja Wiratha | ginêlak-gêlak lampahe | yèn siyang tansah lumampah | kalamun kasayahan | rèrèn ngaring-aring rapuh | wus rapih malih lumampah ||

29. yèn dalu kèndêl wanadri | sare sanggèn-ênggènira | godhong palasa lèmèke | kayu watu kang kinarya | pajangkajang. sirah kang sarta | lamun kalungsèn anêngguh | kang dhinahar ananira ||

30. wowohan witing wanadri | nêdhêng usum angayangan | pala kasimpar warnane | kalamun akatorana | wening pacing minôngka | jampining anggong ingêpuh | pupus pacing mijil wenya ||

4. Mijil

1. lami lampahira [la...]

--- 14 ---

[...mpahira] anèng margi | manggung onjot-onjot | saonjotan kewala alèrèn | saking sampun sangêt sayahnèki | wirandhungan dadi | angrêrèndhèt laku ||

2. Dèwi Kunthi wantunirèng putri | dèrèng tate rapoh | lumakuèng têbih patêbane | sampoyongan sabên dèn tulungi | dening darmasiwi | ginendhong kang ibu ||

3. Radèn Bima anggendhong kang rayi | Nangkula yèn rapoh | lan Sadewa pan kinarya gêntèn | lamun Radèn Nangkula lumaris | Radèn Sadewèki | ginendhong anggandhul ||

4. lamun Radèn Sadewa lumaris | Nangkula ginendhong | pan mangkana ing lampah lamine | Dèwi Kunthi gung kagagas dening | sagêde nglampahi | para putra wau ||

5. sutèng nata ginadhang dadyaji | têmah kênèng lakon | lêlaku nèng wana gung kalungsèn | sru kasrakat masakat langkungi | Sang Kusuma Kunthi | karantan kapiluh ||

6. kèndêl-kèndêl yèn ingarih-arih | dening putra karo | Darmaputra kalawan Pamade | ingkang tansah ngenaki panggalih- | ira ingkang bibi | birata gunging kung ||

7. Radèn Bima yèn kang ibu nangis | jrêbabak kemawon | tampatanpa. muwus anênggak waspane | mathêt lathi tan têgêl udani | mring ibunirèki | radèn kalihipun ||

8. Pintèn Tangsèn wrin kang ibu nangis | dyan karo gêlolo | nora kêna pinalang tangise | anungkêmi pada radèn kalih | tan kênèng sinapih | bêrung gènnya muwun ||

9. Dèwi Kunthi lamun dèn sungkêmi | dening putra karo | lalu kêjêng kantaka sanggène | lah sapira rasaning panggalih- | ira Pandhusiwi |

--- 15 ---

dènnya nahên ing kung ||

10. trênyuhing tyas lir rinujit-rujit | kalanira anon | ingkang ibu kantaka sanggène | lir murcatma tanpanon rat nênggih | gêngirèng rudatin | lalu kawlasayun ||

11. lampahira pan maksih malipir | turut ing jurang jro | parang curi-curi èrèng-èrèng | atut têpi tumiyung tumawing | mring sêsiluk sungil | sulêk singup-singup ||

12. wontên ingkang tênggèrèng sakêdhik | kadhang kadho-kadho | dening êri kêmarung arèngès | kêrêp nasak bêbondhot ri bandhil | gung ngrèndhèt bondhèti | bêdhah busanajur ||

13. lamun antuk tugaran waradin | tan ana kang ayom | Sang Hyang Surya tumiling panase | saputing angga kumyus ngêbêsi | riwe drês amili | lir pinêrês murut ||

14. lamun ayom madyaning wanadri | garumbul garombol | kanan kering rongkop kèh isine | saradula andaka myang èsthi | kidang sangsam sami | brosot pating brubut ||

15. sami ngungak-ungak lir ngurmati | mring kang lêlanandon | yèn janmaa ningkirkên kancane | pinêpêkan ywa ngalang-alangi | gusti lagi laris | winulat kawlasyun ||

16. panggroning kang sardula tinampi | sumngèring mênyero | nyara basa yèn janmaa kae | gusti sampun sumêlang lumaris | môngsa salah kardi | punika sadarum ||

17. mandar nutur pudya ingkang mugi | lampah karahayon | sata wana asora bakikèr | mêrak mara mring gènirèng laki | sarwi nyangungongi | yèn janmaa iku ||

18. lakinira ingajak ngurmati | ring kang alayandon | jurung puji basuki esthane | kêmbang-kêmbang ing wana mêpêki | sugandanya minging | kungasnya tumanduk ||

19. marang grana

--- 16 ---

karyanggaring galih | kèh ruru carup ron | ambalasah mlakua sinruwe | pinundhuta pacundhuking wèni | wipala mênuhi | kasimpar gumantung ||

20. angayangan nêdhênge ngêmohi | isthane kanang woh | lir nyunggata mring kang gung kalungsèn | lumakua pinêthik kinardi | jêjampining ngêlih | tinimbang kalêsun ||

21. kang siniptan pra ngawirya naming | manggise kang anom | langkung sêgêr jampi panggrangsange | beda Sêmar Bagong gung ngêcêmil | sanane ingambil | ginembol kinandhut ||

22. pinapacit sauruting margi | mangkana kang andon | alêlampah ngambah tugarane | bulak wiyar angaluk-aluki | tan kayoman dening | taru tinêras wus ||

23. wancinira kang surya nêngahi | tumiling makumyos | pan sinêngka ingonjot manjate | parêdenan alit-alit marmi | palatar waradin | tan nèng taru tuwuh ||

24. lamat-lamat padesan kaèksi | anggênggêng gêng katon | winatara satêngah arine | yèn linakon padesan kang kèksi | pan durung sawiji | pêthuk janma langkung ||

25. liya namung warawarak. agêng alit | andulur asêlor | kidang miwah manjangan jawine | kang kapapag sumingkir atêbih | mangkana Sang Dèwi | Kunthi sambatipun ||

26. babo kaki kayaparan iki | ragèngsun kalêson | baya kalingsir sadina kiye | amarlupa raganingsun kaki | gêtêr tan kawawi | anutugna laku ||

27. paran kono gonira ambudi | ngupaboga babo | yèn kasèpa gon ingsun kaluwon |Seharusnya guru lagu: 10e, yèn kasèpa gon ingsun kaluwèn. kaya-kaya wus nora kawawikuwawi. | kagyat Bima siwi | sinambat kang ibu ||

28. anjêrbabak netranira kalih | mênggah lingira lon | iya bênêr kang

--- 17 ---

kalirên kuwe | jêr wus pirang côndra ing samênir | nora na rijêki | lèn pala pinuluk ||

29. lah wis kakang karia sirèki | tunggua ing kono | sun satiyar ngupaya bogane | ingkang raka pan amung nganthuki | saking tan bisa ngling | karantaning kalbu ||

30. Dyan Sadewa sinèlèhkên nuli | saking ing panggendhong | radyan karo karunèng sukune | ingkang ibu wus tan bisa mosik | saking sruning anglih | lêswèng angga luluh ||

31. têmah para putra anangisi | Bagong gorang-garong | tangise mung gêgulungan bae | Dèwi Kunthi wus asawang mayit | yayah idhêpnya nir | Darmaputra muwus ||

32. babo ariningsun Si Pamadi | ywa mênêng kemawon | wêlasa mring wong tuwamu kiye | aja dumèh rakanira uwis | ngupaya rijêki | ambok dèn ngrêmpêlu ||

33. Dyan Margana mundur awotsari | sarwi ngusapi loh | wus alêpas dyan karo lampahe | dènnya sami ngupaya rijêki | Rahadèn Pamadi | tyasnya lir mêgatruh ||

5. Mêgatruh

1. kacarita Dyan Pamadi lampahipun | sinêru sinêdyèng kapti | malbèng desa kang kadulu | ing Saradan raning dèsi | Rahadèn Pamadi anon ||

2. janma wadon nèng sêndhang anuju adus | samana dipun prêpêki | sêdyanira Pandhusunu | têtanya araning dèsi | miwah bêbundhêle kono ||

3. duk praptaning êndon wanodya kang adus | Dyan Pamadi ngandika ris | ywa dadi kagyating kalbu | bok ngantèn ingsun malatsih | têtanya marang siroko ||

4. ya ing kene desa ngêndi aranipun | lan umbul apa patinggi | kang dadi bundhêling dhusun | sapa

--- 18 ---

kang sinambat ing sih | pan ingsun arsa pêpanggoh ||

5. wadon ingkang tinanya datan sumaur | sêmonira gêtêr ajrih | ngadêg nyat lajêng lumayu | kapyandhêm tan tolih wuri | sru anjêrit nguwoh-uwoh ||

6. dhuh wong lanang tulungana jênêng ingsun | kasêlak kasêlut mami | pinotha-potha ing kakung | iyarsa misesa mami | manira asangêt lumoh ||

7. marma inggal sapa yogyane têtulung | liya sira laki mami | kalamun sira agupuh | gupuh gonira nulungi | ingsun bakal nora wangkot ||

8. ing sakarsa-karsanira sun miturut | sarta satuduh nglakoni | mênèk sira nora gupuh | kaya ge tumêkèng pati | wau ta kang kacariyos ||

9. playunira wanodya malêbèng dhusun | samantara kang mêtoni | janma priya lakinipun | wanodya kang jêlih-jêlih | lumayu sing panti gupoh ||

10. mapagakên somahe arsa amuwus | apa karane sirèki | jêlah-jêlih minta tulung | kang wadon rinangkul sarwi | ingarasan gya pinondhong ||

11. wus binêkta manjing dalêm wismanipun | èstrinira apan maksih | mênggah-mênggah wuwusipun | kakang gurunadi mami | mugi wêlasa maring ngong ||

12. priyayi kang arsa motha-motha ingsun | jêngandika jêmpalani | pintên banggi têkèng lampus | lamun kalampahan ugi | sayakti gêng sih trêsnèngong ||

13. sarta kula ing sakarsa bangun turut | môngsa salayaèng kapti | kakunge suka asaguh | iya aja walangati | sun tandangane kanang wong ||

14. ingkang arsa motha-motha mring sirèku | aja ngowani ing janji | sira karia rumuhun | sun payane kang

--- 19 ---

prayayi | gya sinèlèhkên kang wadon ||

15. lakinira brakuthu kêbat umêtu | praptaning dhadhah kapanggih | lan Pamadi gya andhêku | matur noraga malatsih | dhuh pukulun sang wiranon ||wiranom.

16. lah sapintên suka myang panuwun ulun | saking pitulungannèki | punapa kewala mungguh | kang karya amba malês sih | pitulungan tuwan yêktos ||

17. Radèn Parta alon pangandikanipun | mêngko pantèn dipun ririh | mungguh ing aturmu mau | manira durung mangêrti | lan manirarsa têtakon ||

18. marang sira rèh kajêlag lakuningsun | kang mau ana pawèstri | nèng pinggiring sêndhang adus | tanpa rowang sun parani | pan arsa nêdya têtakon ||

19. raning desa utawa bêbundhêlipun | yèn antuk patanya mami | mung prêlu arsa pêpangguh | pawèstri durung nauri | patanyèngsun kang mangkono ||

20. têka nuli lumayu sarta ngênguwuh | minta tulung marang laki | ambok dadi kagyatipun | têmahan asalah dalih | dakwa kang dudu maring ngong ||

21. kang puniku kalamun sira sumurup | marang lakine wong èstri | arsa sun panggihi mungguh | ing pakarya manirapti | sêsulangkên kang supados ||

22. tan kajêron pandalih andakwa ringsun | salah solah tan prayogi | kang liningan lon umatur | inggih bandara kang mugi | piyarsakna atur ingong ||

23. rèh kadangu kawula matur sajatu | inggih kawula puniki | sutane bêbundhêl dhusun | Saradan namaning dèsi | pun Sarômba yayah ingong ||

24. apilênggah patinggi dèn nama ulun | Sadana wau pawèstri | kang tuwan tanya lumayu | anama Nikèn Sarwasri |

--- 20 ---

têmênipun semah ingong ||

25. panggih sampun lami mapan dèrèng atut | kewala kula parêki | ningkir sarwi ulat rêngu | sampun saprika-sapriki | dèrèng wanwan ling kemawon ||

26. asajiwa malih bangkita pukulun | kewala dipun cêlaki | botên kenging môngka ulun | arêmên kapati-pati | dèrèng kapadhan saraos ||

27. saking sangêt kadarpaning tyas pulang gyunhyun. | semah botên nimbangi sih | kalampahan amba ngluru | isarat dhuyung myang dhêsthi | salir sarana linakon ||

28. suprandene maksa botên sagêd atut | wasana ari puniki | tuwan anjalari atut | sakawit tuwan takèni | salah pandalihing wadon ||

29. ring paduka ajrih têmahan lumayu | gampil sambat mring kang abdi | minta tulung sarta sanggup | sakarsamba anglampahi | ubaya gêng sihe mring ngong ||

30. anggêr amba purun jêmpalani kakung | kang mêmotha dhawaknèki | sokur tumêkaning lampus | wau kawula sagahi | anulyamba nêdya panggoh ||

31. marang priya kang têtanya semah ulun | badhe botên nglaksanani | panêdhane semah ulun | kang saèstu mung nêdyapti | mintonkên sukaning batos ||

32. sarta ngaturakên gêng panuwun ulun | dene badhe kapadhan sih | saking lêgane ing kayun | tur prasêtya pati urip | ngrasa gêng potangan ingong ||

33. ing wasana tuwan priyôngga lah sokur | jalari ing atut mami | bandara sangêt anuwun | mênggah tur prasêtya mami | benjang yèn manggih pakewoh ||

34. kula gêntos dadosa lamaking pupuh | amba têmah matyèng jurit | labuh pakarya pukulun | kajawine kang puniki | kawula nuwun jinatos ||

35. karsa tuwan badhe [ba...]

--- 21 ---

[...dhe] panggih umbul dhusun | rèhning bêbundhêling dèsi | kalêrês sudarma ulun | yèn badhe mêmundhut gusti | sampun kasmaran pakewoh ||

6. Asmaradana

1. Pamadi alon nauri | ya sira Pantèn Sadana | bangêt panarimaningong | mungguh sih prasêtyanira | mau kang wus kawahya | dene ta pakaryan ingsun | arsa panggih bundhêl desa ||

2. lah walèh-walèh punapi | têmêne wong tuwaningwang | lêlaku têbih sangkane | sarta wus lami nèng marga | durung katêmu janma | sah ngayam-ayam wana gung | lagya ing dina samangkya ||

3. wong tuwaningsun kalingsir | sun kinèn ngupaya boga | dadia jampining ngêlèh | nujwantuk tatanyèng janma | arêp dadi prakara | ing pakarya durung antuk | mèh kêdhik nêmu bêbaya ||

4. rahyune sira pribadi | nora sak budi utama | Pantèn Sadana ature | manawi amung punika | prêlu paduka arsa | pêpanggih lan rama ulun | punapa botên prayoga ||

5. cêkap nèng kula pribadi | karsanta wau punika | kewala bujêng rancake | kawula mêndhêt mring wisma | boga saananira | amung paringa pituduh | dhatêng pundi jujugira ||

6. doning ibunira gusti | ngancêr-ancêran kewala | ing mangke kula bêktane | suka Rahadèn Palguna | iya Pantèn sapira | panrima lan sukaningsun | ing mêngko sira jujugna ||

7. lah kae nèng wong kaèksi | tan ana wong liyanira | poma dipun inggal bae | Sadana matur sandika | lajêng wangsul mring wisma | ngimpuni tiyang rèhipun | sami kinèn ambêbêkta ||

8. jodhang gêng kang mawa isi | sêkul tumpêng panggang ayam | pêpanganan kèh warnane | tinata dadya rong jodhang | karane kalêrêsan | ngrêratêngi lagya rampung | pan arsa mêmule desa ||

9. wusing sangkêp panotèki |

--- 22 ---

dadi rong jodhang samana | Pantèn Sadana ge-age | angirit pikulan jodhang | kunêng ing lampahira | Sadana gantya winuwus | lampahe Rahadèn Bima ||

10. dènira ngupaya bukti | ingkang sinêdya ing karsa | desa gêng anggênggêng katon | sinêru ing lampahira | praptèng pinggiring desa | Bima kanggêg lampahipun | mirêng swaraning karuna ||

11. wong sadesa parêng nangis | gumêrah amawurahan | tan dangu sirêp tangise | sami sarêngan nyuwara | nanging nora pratela | saking sarêng kèh kumruwuk | yèn sampun awawan sabda ||

12. malih sarêngan anangis | jalwèstri rame gumêrah | Dyan Bima ngungun jro tyase | iki tangise wong apa | wong akèh bêbarêngan | tan suwe mênêng gya padu | apa kang pinadu baya ||

13. ala apa sun ningali | Dyan Bima gya manjing desa | marani goning tangise | tan winarna sampun prapta | gèn kang sami karuna | Bima marêpêki gupuh | sarywa sru dènnya têtanya ||

14. he mêngko kang padha nangis | padha mênênga sadhela | sun tanya apa mulane | anglumpuk uwong sadesa | lanang wadon karuna | yèn mênênga panangismu | muni lir padudon karsa ||

15. deneku kang dèn tangisi | wong tuwa kang anèng têngah | priyôngga lah mara age | jarwanana jênêng ingwang | ya ta kang tinangisan | maksih mênggah-mênggah matur | priyantun kauningana ||

16. rèhning kadangu pun patik | dados gih matur pasaja | witing tangis myang padudon | anggèr kawula punika | bêbundhêlipun desa | ngriki patinggi alungguh | nami kula Ki Karsula ||

17. dene ing desa puniki | karajan dhusun Tambara | tiyang kang anangis kabèh | punika

--- 23 ---

nak putu kula | siji tan nèng wong liya | karane nangisi ulun | makatên bêbukanira ||

18. dhusun Tambara puniki | kabawah ing Ngekacakra | ing praja Ngekacakrane | ratunipun pan raksasa | anama Prabu Baka | ratu kaisisan wadu | saking wus têlas dhinahar ||

19. paos tiyang siji-siji | alumados sabên dina | sawawêngkonipun kabèh | wus têlas pinajêgêna | kantun dhusun Tambara | têtiyang kang kula wêngku | inggih wus têlas sadaya ||

20. pan kantun tiyang sadèsi | punika nak putu kula | sadaya tan wontên sanès | anggèr sarèhning kawula | têlagan pajêg jalma | dados wau kula rêmbug | lan anak putu sadaya ||

21. rèhning kawula puniki | wus tuwa katog uripnya | kajêng kularsa sumèlèh | inggih kalênggahan kula | patinggi ing Tambara | anak kula kang pambayun | kang anama pun Irawan ||

22. gêntosana lênggah mami | mêngkuwèng desa Tambara | anggèr kajêng kula mangke | linadosna ing pajêgan | wis tuwa gawe apa | lèn wadaling anak putu | punikanggèr pun Irawan ||

23. binantu nak putu sami | botên suka lumadosa | paos minôngka tarabe | mêmangsane Prabu Baka | parikêdah Irawan | utawine anak putu | salah satunggal kewala ||

24. linadosêna yaksaji | paos minôngka taraban | kula ingkang botên awèh | rèh ênèm pantês nutugna | lampahanirèng tuwa | Irawan lan anak putu | lan kula padudon karsa ||

25. ngriku kumêdah lumadi | paos kula botên suka | ajêng botên kula mawon | ingkang lumados pajêgan | makatên dangunira |

--- 24 ---

diya-diniya ing wuwus | wasana sami karuna ||

26. nanging sanadyana sami | santosa botêne suka | botên surut tekad ingong | kêdah barosot kewala | punika ingadhangan | ginendholan anak putu | mangkana Rahadèn Bima ||

27. osiking tyas uwong iki | bênêr nalare tan nasar | wong sadesa bêcik kabèh | tekate padha santosa | samya wani mring pêjah | wasana ngandika arum | hèh kakèkane Karsula ||

28. upama wus salah siji | angalah gêlêm kinarya | pajêg apa bisa sarèh | yèn sarèha pirang dina | godhagane dènira | nora amajêgi iku | Buyut Karsula turira ||

29. sampuna wontên upami | ingkang lumados saosan | godhag sataun lamine | sawêg malih pajêg tiyang | sajuga têtaraban | sêdhêng panjang pikiripun | dènira andalih durma ||

7. Durma

1. Arya Bima myarsa ature Karsula | katgada ing panggalih | asru angandika | iku gampang kewala | iya masalahe kardi | supaya nora | padha cawêngah pikir ||

2. lamun padha rêmbug iki wong sadesa | kewala ingsun sapih | Si Buyut Karsula | lumadi aja sida | Irawan nak putu sami | ya aja sida | lumadi tarab dadi ||

3. wong samene misiha padha widada | dene ingkang lumadi | pajêg kang minôngka | tadhah têtarabira | yaksendra Baka ananging | pituwasana | iya ragèngsun iki ||

4. wong sadesa miyarsa enggaring driya | kumrisik parêng muni | ngroyok Arya Sena | inggih mundhut punapa | pituwas kula ganani | sami sakala | Bratasena lingnyaris ||

5. pituwase mung sega iwak kewala |

--- 25 ---

kang pantês iku nuli | saiki kirimna | mring ibu kakang ingwang | yèn sira uwis ganani | nuli manira | parakna mring yaksaji ||

6. wong sadesa saur-manuk inggih uga | saniki angganani | malah kaparêngan | kathah tumpêng myang panggang | kang badhe karya mêmuli | Buyut Karsula | lamun lumados pasthi ||

7. pêjahipun mila kinamulèn samya | punika yèn suwawi | tumpêng panggang ayam | miwah kang pêpanganan | jadah jênang kang tape grit | lajêng kewala | kula purugkên mangkin ||

8. marang gène kang ibu miwah kang raka | Bratasena nauri | lah iya parakna | dipun gêlis kewala | nuli sapa ingkang ngirit | mring Ngekacakra | Ki Karsula nauri ||

9. inggih anggèr suwawi kula priyôngga | ingkang ngaturna ngirit | Bratasena nabda | iya sun gendhong sira | ing laku nulia prapti | dene kang sêga | kirimêna saiki ||

10. sinanggupan Irawan môngka pangarsa | ngirit pikulan nênggih | dadya kalih jodhang | panggang tumpêng panganan | sampun lumêpas lumaris | kang kirim dhahar | Bratasena tumuli ||

11. Ki Karsula ginendhong binêkta mêsat | kêbat lakunirèki | amawa prabawa | sindhung riwut prakêmpa | kêras pôncawora tarik | gênging prahara | lir pinusus mêsêsi ||

12. kèh wrêksa sol kabarubuh ambalasah | dadya jrambah waradin | kang kambah Dyan Bima | têmah dadya rahara | lampahe sinêru prapti | ing Ngekacakra | lajêng malêbèng puri ||

13. pan wus sonya tan ana janma rêksasa | saking wus minggat giris | tingkahe prabunya | gêgêdhêgi lir gila | môngsa janma nora kêni | towang sadina | ya ta Sang Bayusiwi ||

14. manjing pura kang gapura kaparanggal | prahara [praha...]

--- 26 ---

[...ra] gora tarik | prabawane Sena | kori pêcah kaprapal | nèng sêbit gigal kabalik | kang wisma-wisma | payone morak-marik ||

15. tinêrak ing prahara kathah kang rêbah | balasah bosah-basih | kagyat Prabu Baka | iki prabawa apa | datan dangu ingkang prapti | Buyut Karsula | angirit Bayusiwi ||

16. mêndhak-mêndhak Ki Karsula atur sêmbah | apuranira gusti | gêng lêpat kawula | de ngantos katalatan | paos kawula sujanmi | ingkang punika | gusti sumonggèng kapti ||

17. gih punika wujude paos kawula | suka risang yaksaji | myat tarunanira | slira wêwêg warata | sêmbada balengah kuning | sampun kaduga | eca pinanggang urip ||

18. Prabu Baka kumêcêr ngilêr ces-cesan | dipun kaparèng ngarsi | sun tarabe coba | baya kaliwat eca | umajêng Dyan Bayusiwi | ngarsaning Baka | cakêt amalang kêrik ||

19. dyan binonyo ing bumbu panggang warata | slirane Bayusiwi | pan kèndêl kewala | ingolak-alik uga | dening Sri Baka yaksaji | pan pinilihan | kang momol dagingnèki ||

20. bêboconge karsa rumiyin dhinahar | cinakot kinrêg wani | sru kinêrah-kêrah | Bratasena tan pasah | kumelot ulêting daging | nulya baunya | kinrêg tinarab dhingin ||

21. sru kinêmah-kêmah uga nora pasah | sarira dèn dlajahi | sakojur sadaya | kang momol pinilihan | kinêrêkan tan nêdhasi | Rahadèn Bima | sasmita mring kiyai ||

22. Karsula mrih sumingkira kang atêbah | Karsula ananggapi | samana wus kesah | wuwusên Prabu Baka | tita dènira ngêrêki |

--- 27 ---

sliraning Bima | tan ana kang nêdhasi ||

23. kaku tyase têmah bramantyambêg sura | krudhanira mawêrdi | angêrik kruraya | anggro agora sabda | babo dene mêjanani | môngsa wêgaha | gôndra pira sirèki ||

24. sun tandangi hèh wong pajêgan dèn yitna | katiban bindi mami | sigra sang yaksendra | ngikal bindi ingayat | Bratasena sru binindi | jajane kêna | wêntala tan nêdhasi ||

25. dyan tinitir yaksendra pambindinira | pukul tan bêbayani | mapan dèrèng ebah | Sena puguh sih lênggah | yaksendra kaku tyasnèki | salin sanjata | limpung ngayat kumitir ||

26. dyan linimpung Arya Sena lagya endha | tuna limpunge olih | siti nèng saasta | tumancêp Prabu Baka | tinêbak de Bayusiwi | kêbating endha | tugêl limpungirèki ||

27. dyan ingêlut gapyuk parêng pêpulêtan | liru gon gênti ngungkih | angangkah amokah | pêngkuh pokah-pinokah | kuwêling kawal kawalik | Sang Prabu Baka | kawalahên katitih ||

28. kêrêp kêna binabit miwah dinugang | atanapi binanting | sira sang yaksendra | saklangkung krudhanira | nubruk nêbak ngrampak wani | Rahadèn Bima | tadhah panggah tan gingsir ||

29. duk tinubruk pinarêngan yaksadipa | cinandhak astanèki | tinarik akontal | tiba karungkêb sigra | cinandhak sukune kalih | kungkal ingundha- | undha nulya binanting ||

30. ing bantala kantêp tibanya kalumah | sigra dipun kakahi | wêwadhuking ditya | sinudhèt pôncanaka | bêdhah ususe manguwir | wil kapisanan | pêjah tan kanthi budi ||

8. Kinanthi

1. bêbathangira wus jinur | mring

--- 28 ---

Bima jinuwing-juwing | wau Ki Buyut Karsula | suka dènira ningali | sapêjahe Prabu Baka | Dyan Bima dèn palajêngi ||

2. prapta anungkêmi suku | dhuh bandara gusti mami | sèwu bagya kamayangan | inggih kawula puniki | pasasat anambung jiwa | nambêli ngumuring dasih ||

3. pêpancèn kawula lampus | paduka ingkang gêsangi | miwah mangke nirnakêna | kalilip kawula ugi | sakônca myang putra wayah | pintên panuwune sami ||

4. miwah para anak putu | ing mangke tur amba gusti | paduka mugi karsaa | kèndêl wontên jroning puri | jumênênga naranata | gêntosi Baka yaksaji ||

5. Buyut Karsula iya wus | bangêt panarima mami | sêtya myang pitulunganta | sêga jêjampining ngêlih | dene mêngko karsanira | durung kalêbu ing pikir ||

6. kang dadi manah sun amung | tan liya kang padha anglih | ing mêngko padha kayapa | manira arsa nuwèni | Buyut Karsula turira | kawula gusti umiring ||

7. Dyan Bima suka amanggut | Ki Karsula wus cinangking | mring Sena binêkta mêsat | sinêru lampahirèki | mawa prabawa prahara | sindhung riwut rèh gêtêri ||

8. kunêng kang anêru laku | wuwusên Radèn Pamadi | lawan Ki Pantèn Sadana | angirit jodhang kêkalih | wus prapta padunungira | ingkang ibu Dèwi Kunthi ||

9. apan ta maksih rinubung | ing putra dipun tangisi | Radèn Nangkula Sadewa | sambatira lir pawèstri | kontrang-kantring panangisnya | kang ibu dipun tangisi ||

10. maksih kantu dèrèng emut | saking laluning kalingsir | praptane Rahadèn Parta | mawa boga duk udani | sira Radèn Darmaputra |

--- 29 ---

matur waspanya drês mijil ||

11. punika putranta rawuh | inggih yayi Mas Pamadi | mapan dènnya ngupaboga | wus antuk jêng ibu mugi | wungua nuli dhahara | minôngka jampining ngêlih ||

12. ingkang ibu cat karungu | kang putra ture dumêling | wungune saking kantaka | sarwi angandika ririh | sapa ingkang antuk boga | sapa kang padha ngupadi ||

13. Darmaputra nêmbah matur | putranta pun Bima tuwin | Pamadi ingkang ngupaya | punika prapta wus mawi | boga kang ibu ngandika | apa Sena durung prapti ||

14. kang liningan awotsantun | Bratasena dèrèng prapti | kang ibu malih ngandika | ingsun durung karsa bukti | yèn arimu durung prapta | Si Bratasena manawi ||

15. gone ngupantuk pakewuh | apa gawe ingsun bukti | nadyan nirmala waluya | saking gon ingsun kalingsir | manawa ambokmanawa | iya mêlange kang ati ||

16. arinta antuk pakewuh | agênge tumêkèng pati | sun môngsa gêlêm karia | Pamadi angrês miyarsi | nyat ngadêg nêdya ngupaya | kang raka Sang Bayusiwi ||

17. lagyatri tindak kadulu | kang raka prapta mawangin | katon saking katêbihan | lan wontên janma kèh prapti | ngirit pêpikulan jodhang | praptèng don Parta tanyaris ||

18. Irawan ingkang umatur | miwiti malah mêkasi | dènira tur-atur boga | Pamadi suka miyarsi | gya matur mring ibunira | miwiti malah mêkasi ||

19. myang Sena sampun kadulu | langkung suka Dèwi Kunthi | tan dangu praptarya Sena | jujug kang ibu turnyaris | lah iki wus akèh boga | durung ana kang binukti ||

20. apa karane puniku | nora sêmbada ing

--- 30 ---

nguni | ibu lan kalantihira | kang ibu ngrangkul sarywangling | iya anggèr nganti sira | rèhning sira uwis prapti ||

21. prènèkna sun panganipun | kang êndi lèh-olèhnèki | lan êndi antuke Parta | sigra sadaya sinaji | ing ngarsane ibunira | antuke Dyan Parta dhingin ||

22. kang dhinahar durung tutug | gantyantuke Bayusiwi | dhinahar sang dyah kaecan | pakantuk dènira bukti | wusnya dugi linorodan | sadaya sami ambukti ||

23. têkan jalma ingkang mikul | pinaringan awaradin | Dèwi Kunthi angandika | iya gon ingsun abukti | mirasa antuke Sena | anikmat gon ingsun bukti ||

24. beda lawan antukipun | putraningsun Ki Pamadi | têka sêpa tanpa rasa | apa karanane sami | paran padha antukira | sojara ingkang sajati ||

25. Radèn Darmaputra matur | miwiti malah mêkasi | putra ro antuke boga | Dèwi Kunthi lingiraris | layak mirasa Si Bima | dene dipun tohi pati ||

26. mangkana wus sami tutug | dènira samya abukti | sigra Ki Pantèn Irawan | umajêng matur wotsari | dhuh Gusti Rahadèn Bima | langkung ing panuwun mami ||

27. paduka anambung umur- | ipun tiyang ing sadèsi | tanapi adamêl pajar | bangkit amberat kalilip | punapa kang winalêsna | sining ing jagat puniki ||

28. kinêtog karya tur-atur | môngsa sah asihing gusti | ing mangke kula prasêtya | bilih benjang manggih wèsthi | kawula purun kinarya | lêlamakirèng ajurit ||

29. Radèn Bima suka manggut | Irawan umatur malih | ing mangke mugi

--- 31 ---

karsoa | kèndêl ing riki rumiyin | dèrèng wus raosing manah | anggèn kawula ngladosi ||

30. kèndêla jroning pura gung | Ngekacakra aprayogi | lamun jêng paduka karsa | sèstu kawula rêsêkirêsiki. | suka Radyan Pandhuputra | sasmita parêng ing galih ||

31. Irawan sawarganipun | mundur lajêng angrêsiki | anulya para Pandhawa | têdhak marang jroning puri | Ngekacakra wus sadaya | sadaya kapanggih rêsik ||

32. lajêng rêrêm wontên ngriku | Buyut Karsula ngladosi | saklangkung sinungga-sungga | liningga bathara yêkti | sakarsane tinurutan | dadyeca tyas Pandhusiwi ||

33. karsa rêrêm ragi dangu | wontên Ngekacakra puri | sarapihing rapuhira | kunêng gantya kang winarni | anênggih wontên yaksendra | ngadhaton ing Pringgadani ||

34. Prabu Arimba jêjuluk | lan Sri Baka sang yaksaji | pan maksih kalêbêt warga | wau Arimba Narpati | pan pêpitu kadangira | ari panênggake èstri ||

35. Rêtna Arimbi ranipun | Brajalamatan anuli | Radèn Arya Prabakesa | Brajadênta Brajamusthi | Sumêndhi Brajamingkalpa | Kalabandana wuragil ||

36. kadang sapta wirèng kewuh | môndraguna ing ajurit | putus sabarang kadibyan | tan kewran jur-ajèr manjing | agal rêmit winêruhan | tan mungkur mring kramaniti ||

9. Pangkur

1. wau yaksendra Arimba | amiyarsa pawarta patinèki | Sri Baka risang wil prabu | dening Sang Pandhuputra | sru murina mangkana Arimba kumpul | lan para kadang sadaya | pinêpak wontên jro puri ||

2. rêksasa Raja Arimba | sru ngandika kabèh ri-ari mami |

--- 32 ---

padha sun bobot budimu | mungguh sapatinira | Prabu Baka dening Risang Pandhusunu | apa nora na murina | para ri sarêng turnèki ||

3. inggih sintên kang botêna | amurina ing warga patinèki | lawan mênggah Pandhusunu | lamun kinèndêlêna | kados-kados andadra patingkahipun | adamêl rèmèhing ditya | kalurung murange krami ||

4. mila kalamun sêmbada | badhe malês ukum mring Pandhusiwi | botên langkung ri sadarum | ngatas karsa paduka | sang wil Raja Arimba ngandika asru | sokur bage mênèk padha | darbe murina ing galih ||

5. dene mêngko karsaningwang | pamalêse ukum mring Pandhusiwi | rèh sikara patrapipun | mêmati tanpa dosa | iya arsa sun walês sikarèng tanduk | mungguh ari-ariningwang | kang sun pracaya ing kardi ||

6. tan lena mung kakangira | Si Arimbi nadyan iku pawèstri | sampat karti sampekèku | mring ajur-ajèr bisa | sun mrih nyidra Si Pandhawa tumpêsipun | yayi apa saguh sira | lumakua marasandi ||

7. Rêtna Arimbi turira | ngong sandika kewala anglampahi | ayahane kakang prabu | botên ta yèn kewrana | marawasa kalayan amarasandu | tumpêsipun pun Pandhawa | wus kapusthyèng asta kalih ||

8. namung wantuning wanodya | badan kula ewuhaya ing budi | bilih katrênjuhan laku | satêmah kerang-erang | mila mugi wontêna ingkang tut pungkur | dèn manukana ing kadang | supados têtêg kang ati ||

9. yèn wontên apêsing lampah | wontêna kang têtulung badan mami | kang raka ngandika arum | ya yayi ywa sumêlang | nadyan ingsun môngsa

--- 33 ---

negakênèng laku | angutus kadang wanodya | amêsthi ingsun kanthèni ||

10. kadangmu iku si arya | sira Brajadênta kalawan malih | Brajamusthi Mingkalpèku | kapate Prabakesa | jampangana lakune kakangirèku | lamun manggiha bêbaya | padha têtulunga yayi ||

11. sun sinung wêwênang sira | lamun malah ana ing laku karti | sampeka wênang sirèku | misesa mêjahana | ari kapat sandika ing aturipun | anulya linilan mangkat | tan ninang liring wêwêling ||

12. Arimbi sakadangira | kang pinatah ngambarèng widik-widik | surup surya wancinipun | dêdêl mahawèng wiyat | tan winarna mangkana lampahe rawuh | luhur purèng Ngekacakra | ya ta ingkang marasandi ||

13. ing wanci tabuh sadasa | pasang sirêp wau Rêtna Arimbi | tumama ring Pandhusunu | tan kêna sinayutan | lir pinulut têbêling netra baliyut | Dèwi Kunthi angandika | putraningsun Darmasiwi ||

14. lah iki kang mawa apa | antuk ingsun tan kêna dèn sayuti | sore mula lir pinulut | têbêle netraningwang | mara kono dèn sami padha awungu | kaki sun nendra sadhela | Dèwi Kunthi lajêng guling ||

15. tinêngga kang para putra | Puntadewa antuke anêmêni | ngandika mring arinipun | manira iki uga | nora kêna sinayutan antuk ingsun | kono yayi sira têngga | jêng ibu gone aguling ||

16. yayi sun nendra sadhela | Darmaputra gumlèyèh lajêng guling | Pamadi myang arinipun | Nangkula Sahadewa | datan pae lan ingkang rakantukipun | gumlèyèh lajêng anendra | nèng dagane bunirèki ||

--- 34 ---

17. kantun Radèn Bratasena | tinakatkên loyopira kapati | sinayutan antukipun | mangkana osikira | apa kêna prabawèng sirêping pandung | padha ngantuk nora nana | iya kang bisa nayuti ||

18. dalah raganingsun iya | lamun ingsun turutana ya guling | jênèh uwis mau-mau | gon ingsun arsa nendra | Bratasena tyasira gung kêpyar-kêpyur | sabên-sabên tarataban | tan eca raosing galih ||

19. sigra Arya Bratasena | angayêngi lang-lang mêdal ing jawi | kang lindhuk-lindhuk inginguk | tan ana apa-apa | kori-kori sadaya sampun tinutup | winiwekan mênèk ana | sandi upaya mrih pati ||

20. wusnya anutupi lawang | Bima wangsul marang sadalêm puri | sêdhih maksa ngantuk-antuk | Rahadèn Bratasena | wus kinikis tyasira pasrah dewa gung | jumênêng asèndhèn lawang | mrih tan pakantuk aguling ||

21. mèt liyêping palayapan | kunêng wau ingkang asèndhèn kori | warnanên luhur kadhatun | Rêtna Arimbi miwah | kadang kapat têrang ing panjêjêtipun | duga paribawanira | tumanduk sirêpe mandi ||

22. kacêtha para Pandhawa | anggulasah dènnya nendra kapati | Rêtna Arimbi amuwus | yayi Brajalamatan | sakadangmu padha karia ing ngriku | sun manjing mring jroning pura | amung wêkas ingsun yayi ||

23. yèn jro pura ana swara | waspadakna lamun manira jurit | dèn padha gupuh têtulung | lamun nora na swara | têka padha mèndêla kewalèng ngriku | para ri matur sandika | sigra Kusuma Arimbi ||

24. amancala mrêcikala | dan umanjing mawan [mawa...]

--- 35 ---

[...n] lêkiting kori | tan rêkasa lêbêtipun | tuhu guna santika | eman dene Arimbi tinitah wadu | luwih kasudibyanira | mangkana lampahe prapti ||

25. jro pura awas tumingal | mring kang sare ngadêg asèndhèn kori | gung luhur sêmbada dhegus | lêlêkêring wadana | kêkêr jarot rêngrêng sêrêng nora rêgu | ragi jênggurêng ing ulat | wilête amêmêdèni ||

26. manise sêmu sêmbada | ujwalane guwaya anêlahi | ngênguwung sawang sitèngsu | sêdhêng sidhi purnama | kang sarira gumêbyar kadya mastatur | kuning dumêling marada | sang rêtna ngungun ningali ||

27. lah babo iki satriya | sêrênge kang wadana andhèwèki | sajêg ingsun miyat kakung | durung tate kagiwang | lagi iki tyas ngong bangêt kasokipun | sih rahap rêsêp tumingal | iya mring satriya iki ||

28. sun sêsuwun dening dewa | muga nimbangana sih trêsna mami | gampanga panggalihipun | luntura asihira | mring manira iya nora ketang-ketung | dadia juru dang pisan | karsaa ingsun ngèngèri ||

29. sanadyan sukua jaja | têtêkêna janggut ingsun labuhi | anggêr kasdu ring ragèngsun | nganggêp gêbal kewala | Dyah Arimbi tyasira kakênan ing kung | kungkaling turidasmara | marang sira Bayusiwi ||

30. lir têmpaling solahira | kadya-kadya ambruk kaêsrog linggih | iya anèng pangkonipun | sira Sang Bayuputra | saking sangêt kabyatan kakênan wuyung | kayungyun poyang-payingan | kasmaran among sarêsmi ||

10. Asmaradana

1. sirna wirodhaning galih | muhung paguting panggagas | lir ginarit Hyang Kamane | korut ruwat têmahira | saking mancala warna | mrêcikala babar sampun |

--- 36 ---

asarupa yaksa kênya ||

2. Arimbi akontrang-kantring | rongèh solah salah tingkah | gung gêdrag-gêdrug sukune | jêjêge bumi karannya | gunging nawung turida | kang dadya paraning wuyung | maksih eca pati nendra ||

3. iku margane sang dèwi | sampêlah rudahing driya | wantuning ditya budine | kudua sadaya-daya | nuruti liring sêdya | mila manggung mênggah ngadhuh | ngantêp têbah-têbah jaja ||

4. ilang sangkribing pawèstri | ngaruara angrêrêpa | pamiluting tyas dêlinge | dhuh babo satriya tama | age dika wungua | saruwenên dasihipun | wus dangu mangantya-antya ||

5. lunture sihira gusti | mring dasih kawêlasarsa | karaya-raya sowane | têbih Pringgadani praja | lan pura Ngekacakra | dalu-dalu alumaku | tan ngetung pringga bêbaya ||

6. labête botên kuwawi | nahên kang brônta mangarang | karungrungan rongèh bae | kang kuletang mung paduka | mugi animbangana | kados raosing tyas ulun | pukulun kinawulakna ||

7. narima dasihe dadi | panêbahing pakulinan | ing jungut tilam arume | sanadyan dadi juru dang | sun têmah nora wangwang | kanggêpa gonku ngumulun | babo radèn wus wungua ||

8. wulatên dasihe gusti | wus suwe asumewaka | sinartu tan sinaruwe | paran darunaning duka | punapa dosa kula | wong bagus manggung aminggu | agawe gênging wigêna ||

9. sadangune Dyah Arimbi | ngarih-arih angrêrêpa | ngrêrêntih mungu kang sare | salira gêtêr sadaya | riwe kumyus turasan | tyas sênag-sênig pyar-kêpyur | kêtêg dhêdhêt adhêg-dhêgan ||

--- 37 ---

10. gondhang garing grangsang salit | ngêlêt-lêt idu kasatan | salira marlupa lèlèh | lir linuluh kalêsahan | wau ingkang anendra | kagyat mirêng gêdrag-gêdrug | miwah gumrêmênging swara ||

11. Bima waspadèng pangèksi | ngarsane nèng rara kênya | sêdhêng dêdêg pangadêge | wiraga raga karana | rampinging pasariran | rêspati kapara ruruh | kuciwa rai rêksasa ||

12. acêlak dènira linggih | mungu ature ngrêrêpa | sampun kaduga galihe | yèn iku kênya bêbana | kênèng brôngta asmara | marang ing sariranipun | nging Bima nora sêmbada ||

13. saking gigu aningali | pasuryan ditya balaka | Bima bêkuh andikane | sirèku putrining ditya | apa bôngsa pisaca | têka cêlak-cêlak lungguh | murang krama adêgsura ||

14. paran sêdyanira ugi | aparsa gêndhak sikara | Rêtna Arimbi ature | sarwi anungkêmi pada | walèh-walèh punapa | ngong sojar sajatinipun | kula kadange wanodya ||

15. Sri Arimba yaksapati | ing Pringgadani nagara | Rêtna Arimbi wastèngong | ing ngajêng kula dinuta | dening kakang yaksendra | kinèn lampah marasandu | nanduki karti sampeka ||

16. arsa malês ukum pati | pêjahe Sri Yaksa Baka | mring paduka sakadange | sarêng kawula uninga | ing warna jêng paduka | têmah lilih botên kolu | mamrih ing pati paduka ||

17. saking raose tyas mami | datarlèn trêsna sutrêsna | inggih mring paduka radèn | marmane mugi wontêna | lunturing sih wilapa | mring kula wong kawlasayun | lumampah tuwan abdèkna ||

18. prasêtya sapati urip | lêbura nèng pada tuwan | ngong têmah dinasihake |

--- 38 ---

Dyan Bima nauri sabda | kalinganeya sira | ragane dutane mungsuh | mrih pati karti sampeka ||

19. têkakna budinirèki | gonira gêndhak sikara | aja pijêr andrêmèmèl | Arimbi matur ngrêrêpa | botên wagêt kawula | andumugèkênèng kayun | saking parikêdah kula ||

20. ngumulun tan ketang dadi | juru pangangsu juru dang | ngong têmah anggêr katampèn | dhuh radèn mugi wêlasa | mring dasihe gung papa | kaparag gênging lara kung | Dyan Bima bêkuh saurnya ||

21. he kêparat buta kodhik | lêlêthêg si gêlah-gêlah | inggal sumingkirèng kene | aluhung sira nêkakna | budimu kang druhaka | sun kêmbari sakarêpmu | balik sirarsa bêbana ||

22. ingsun gila nora sudi | yèn sira sida lumuha | sumingkir saka ing kene | aja takon dosanira | sun sudhèt pôncanaka | sun odhèl-odhèl wadhukmu | mulane enggal ningkira ||

23. aja sira gawe sêdhih | gawe beka amêmêksa | wong gila-gila sayêktos | Dèwi Arimbi duk myarsa | sabda ingkang mangkana | anglês tyasira milalu | antaka anjrit karuna ||

24. sambate amêlasasih | dhuh iki satriya apa | bangêt-bangêt gone lumoh | tinrêsnan tan nimbangana | pinilutan tan ana | asihe têka sarambut | kang pinara sèwu iya ||

25. Arimbi dènira nangis | jêmplang-jêmpling karêrantan | gêdrag-gêdrug sasuwene | akagyat kang samya nendra | mirêng jriting wanodya | kang sare wus sami wungu | Kunthi marani têtanya ||

26. mring putra Sang Bayusiwi | apa karane wanodya | karuna ana ing kene | Radyan Bratasena sojar | purwa madya wasana | kang ibu kalangkung ngungun | alon wijiling wacana ||

--- 39 ---

27. ingsun bangêt wêlas kaki | mring wadon ingkang karuna | bok lêganana galihe | dimèn mari gone brôngta | ing wong kang gawe lêga | pedah tinarima kulup | iya marang dewanira ||

28. Wrêkudara bêkuh angling | sarwi kalepat alunga | sabên-sabên ibu kuwe | nêluk-nêlukakên mringwang | gila-gila pinêksa | sapa kaduga lumaku | anggêgonjak wong mangkana ||

29. Dyan Bima dènnya sumingkir | wus praptèng jawining pura | Dèwi Kunthi kasok wlase | marang kang anggung karuna | pinarêkan samana | ngandika wis nini gupuh | tangia aja karuna ||

30. paran brantanirèng nini | marang putrangsunputrèngsun. Si Bima | apa wus mantêp siranggèr | madhêp tumêkèng antaka | kang liningan turira | sang dèwi rasaning kayun | kalamun dèn timbangana ||

31. ajur luluh kulandhêmi | mèstupada ring putranta | Dèwi Kunthi wacanane | apa têmên iku rara | nanging sandeyaningwang | sira jêr raganing mungsuh | paran gon ingsun ngandêla ||

32. Arimbi matur wotsari | sampun dumèh kula ditya | nanging luwangipun dèrèng | wil Pringgadani punika | nimpanga rèh tan arja | miwah malecaèng wuwus | mila kawula pasaja ||

33. dene lamun dèn timbangi | trêsna kula lan Dyan Bima | amba lila amba sagoh | lamun wontên rasanira | sandeya lan pun kakang | saking wus dianggêp mungsuh | kula sagah matènana ||

34. dene sanèse kakaji | kula tanggung saenira | ari kula sadayane | lamun kongsi ngalanana | dhumatêng trah Pandhawa | dêstun lajêng sami anut | ngawula saabipraya ||

35. suka ngandika Dyah Kunthi | yèn iku kapara nyata | iya saguhira kuwe | ya ingsun kaduga maksa | gampange tyase Bima | miturut mêngku sirèku | Arimbi matur supata ||

36. kathah-kathah supatèki |

--- 40 ---

nulya Dyah Kunthi umêdal | lan Arimbi sing purane | prapta doning Bima nabda | kulup sira wêlasa | wong wadon mau kaswayun | lumaku dipun abdèkna ||

37. bok iyaa sira tampi | tontonên datan kuciwa | ayu Si Arimbi kae | kasor apsari kaswargan | mangkana sabdanira | Dèwi Kunthi têmahipun | Arimbi kusuma rara ||

38. karsaning dewa linuwih | malih suwarna yu endah | sêmbada lan sarirane | kasor Dèwi Wilutama | lamlamên ingkang mulat | Dyan Bima dupi andulu | Arimbi suwarnanira ||

39. sautusatuhu. ayu linuwih | sinabdan mring ibunira | kasor apsari swargane | wilut-wilêting polatan | tajêm ruruh araras | pasaliran ramping lurus | pantês musthikaning kênya ||

40. karênan Sang Bayusiwi | yèbu apa karsanira | ingsun lakoni yêktine | lêga tyasira sang rêtna | sinanggupan Sang Bima | Dèwi Kunthi ngandika rum | wus kaki ywa taha-taha ||

41. anglêganana panggalih | Sang Bima anambut sigra | Arimbi pinondhong nyemot | binêkta marang paprêman | pinêrêping asmara | rinêpa ingimur-imur | pinurwèng rasa srinata ||

11. Sinom

1. kêtêmbèn kusuma rara | rinabasa rarasing sih | ginunturan ing srênggara | kakunge mirosa ngungkih | tan bangkat angukuhi | Arimbi binoting lulut | tan bisa anggulawat | sakalihan sême sami | kaparwasa sang dyah kênèng kawisesa ||

2. rêkasa pamurusannya | saking sari maksih kincip | pinêcat puspita rêngat | kusuma rara mung ngrêngih | ngêsah apongah-pangih | wus binêdhah kuthanipun | kawratan ing asmara | kakung langkung kasok ing sih |

--- 41 ---

duk paguting wigati gatining rasa ||

3. arongèh kusuma rara | lir sata ingkang kapilis | salira lêsah kalêsan | luwar dènira mong rêsmi | mring paheran sêsuci | sang rêtna langkung sih lulut- | ira marang ing priya | tansèng pangkon Dyah Arimbi | kunêng sakalihan ingkang pêpasihan ||

4. kocapa nararya kapat | ingkang sami jêjampangi | manggung anèng luhur pura | tansah dènira nêniling- | akên ing pamiyarsi | sêpên kewala wus dangu | Arya Brajalamatan | pêgêl dènira anganti | angandika mring ari Brajamingkalpa ||

5. lah iki kakang bok baya | kêna sambikalèng margi | dangu nora sung katrangan | antuk myang tunaning kardi | Brajamingkalpa aglis | intipên jroning kadhatun | apa mulane iya | adangu kakang Arimbi | kang liningan sandika anulya mêsat ||

6. nararya Brajamingkalpa | ririh lampahira sarwi | ngintip-intip jroning pura | katuju dènira ngintip | gêdhong ingkang dèn goni | Arimbi myang Bayusunu | kalih lagya paguywan | suka nutugakên kapti | sira Arya Brajamingkalpa waspada ||

7. kandhêg lampahe tan samar | yèn kang paguywan anênggih | Rêtna Arimbi kang raka | nadyan wus santuna warni | kang rayi nora pangling | ing ciri kudhuping mênur | wontên kêpak kang kiwa | sing têbih ngujwala kèksi | nora nana wong ciri ingkang mangkana ||

8. liya Arimbi Sang Rêtna | langkung ngungune kang rayi | miyat solahe kang raka | têka angisin-isini | ing pakarywa tan dugi | nênggih marang mungsuhipun | dènnya nyandiupaya | kasambikalèng ing laris | Arya Brajamingkalpa atêbah [a...]

--- 42 ---

[...têbah] jaja ||

9. anggêni rasaning driya | myat solahe Dyah Arimbi | kadi rêmbên nora rancag | jawane wèngwèng ing kapti | kapitêmên ing budi | wanodya kathung kalurung | tan bangkat amikata | ing karsa kudu kagimir | uwuk musus mungsuh malah pêpasihan ||

10. lah iki saiba-iba | dukane kakang narpati | ing bênêre ingsun iya | wênang misesa jêr tampi | wêwênange kakaji | nanging bangêt wêdiningsun | marang kakang bok iya | paran iki gonku mikir | yèn balia cacat têmên wong dinuta ||

11. ngadhuh wil Brajamingkalpa | pêgêl rasane kang ati | sampun mundur palarasan | lan raka raka kapanggih | aturira miwiti | kongsi kawêkasanipun | Arya Brajalamatan | gêgêtunira tan sipi | angandika paran kono budinira ||

12. matur wil Brajamingkalpa | inggih lamun anuruti | gênine raosing manah | nêmpuh byat pan dèrèng pasthi | lêbdaa ing pakarti | sintên kang nyami puniku | kangbok kalamun krudha | nadyan wadon mêmêdèni | amung ingkang dadya mêsguling wardaya ||

13. kangbok Arimbi punika | supe pinarcayèng kardi | botên ical labêtira | wanodya kathung ing budi | cêlêr ngisin-isini | calawênthah lawan mungsuh | têka gènipun saplag | lan bêbasan wong tut wuri | kadang wadon dayani satruning driya ||

14. suwawi tuwan galiha | yèn kula botên kadugi | manah ing tingkah punika | bunggan gawe botên angsil | dene ta tuwan bilih | kadugi sumonggèng kayun | amung pamit kawula | lêhêng mulih angsal-angsil | ingkang raka katiga gumujêng suka ||

--- 43 ---

15. iya bênêr yayi sira | iku mungguh pikir mami | anjaba winadulêna | marang kakangira aji | Brajamingkalpa angling | inggih sumôngga ing kayun | nanging tingkah punika | suduk gunting tatu kalih | milanipun kawula pamit kewala ||

16. wisuh sampun pagêpokan | tuwan parimarma kêdhik | ngaling-alingi kawula | sarêng gumujêng raka tri | pagene selak yayi | dumugining kewuh wisuh | kang rayi latah-latah | inggih kadospundi malih | tiyang suduk gunting kalih tatunira ||

17. aluhung ningkira pisan | punika yèn mênggah mami | Brajamusthi angandika | kurang jêmbarirèng budi | nora bisa nasabi | budine pribadinipun | yayi aja mangkana | mundhak kawiyak manawi | tan sujana nora awas ing wêkasan ||

18. iya sumurupa padha | mungguh ing panawang mami | nora kêna sinawawa | Pandhawa punika lagi | winonging dewa luwih | tan kêna ginampang iku | beda lan kakangira | kakaji si wong adrêngki | srèi têka candhala gêndhak sikara ||

19. malês ukum anggêpira | nora tinimbang ing budi | pêjahe Sang Prabu Baka | kênèng kukuming dewa di | dènira ardaya dir | puwa-puwa buta kumprung | gêlah-gêlah ing jagat | si lêlêthêg jêjêmbêri | bênêr bae patine ina katula ||

20. iku yayi awasêna | karsane rakaniraji | nora kêna pinalangan | môngsa rumasa asisip | murina wong nalingsir | têmah kalepetan luput | andhêdhêr para dosa | bunggan gawe salah kardi | wa mangkono pratingkahe kakangira ||

21. kaya dudu karsanira | jinawil dewanirèki | katôndha tancêping driya | prayoga singlar sing

--- 44 ---

srèi | dewa jawil malangi | mung aja kongsi kadurus | darbe tingkah sikara | wêkasan kèrêm ing galih | lulut asih ing mungsuh wasana mulya ||

22. titènana ujar ingwang | kang raka miwah kang rayi | suka samya ngalêmbana | mring nararya Brajamusthi | mulur nalare apik | tôndhaa swasananipun | Arya Brajalamatan | bênêr pikirira yayi | iya mêngko ingsun ingkang amrayoga ||

23. matur marang sri narendra | pirangbara bae yayi | kêna piniluta saka | ing atur ingkang prayogi | wis payo padha mulih | arya kapat sarêng kondur | dêdêl mawèng gêgana | ginêlak lampahe prapti | Pringgadani lajêng manjing purantara ||

24. kapanggih lan raka nata | dinangu matur wotsari | sirarya Brajalamatan | miwiti malah mêkasi | wasana angaturi | pinilutèng pangrêrapu | lêmpara rèh ardaya | ing karsa sampun dumugi | amigêna gêndhak sikarèng Pandhawa ||

25. kathah-kathah aturira | ari kapat mawa tangis | mêndhaa ing karsa nata | dènira amurang krami | sampun sikarèng budi | pedah apa mrih nênungkul | nênggih marang Pandhawa | ingkang raka nora kêni | sinayutan ing atur tatar utama ||

26. mandar kadya binêranang | sumung-sumung pasuryandik | netra ro amangantirah | jaja bang awora-wari | ringas ngandika wêngis | hèh padha acêlêr muput | mêngko kawiyak sira | jêjirihmu sisukêrjis | pirangbara murina ring kadang warga ||

27. malah ngêndhih-êndhih padha | dhinapur dhasar utami | tumêmên tan tindak tata | adene ari Arimbi | gawe tingkah tan yogi | anyundêl bêdhag bêdhudhug | gêdhêg singadhag-adhag |

--- 45 ---

gumledhag gampil dhinêmpil | angsil ngungsil-ungsil mungsil wong kasingsal ||

28. si jêmbêr dadi jamahan | nora jamak dijêjuwing | si anjing sundêl lanyahan | tan ana labête kêdhik | putrinirèng narpati | kapati-pati narutus | amêmungu ing manah | hèh Brajalamatan aglis | siyagaa bala ing dalu punika ||

29. kêrigên saananira | sun arsa tindak pribadi | apa gawe amarcaya | ing kadang kapara dadi | iya satruning ati | kang liningan nêmbah mundur | ngundhangi kang wil bala | pinêpak saananèki | gugup para wil wratbala bilunglungan ||

30. dènira saninggèng karya | kayuyusan wêngi-wêngi | samaptèng sikêping yuda | byar enjing sampun miranti | sakapraboning jurit | Sri Arimba sang wil prabu | sampun ngrasuk busana | kawot kapraboning jurit | miyos sigra matag jêbolakên wadya ||

31. ingkang minôngka pangarsa | lêlajêr cucuking laris | sira wil nayaka waktra | Brajalamatan prajurit | mangku wadya pinilih | sèwu samya prawira nung | ngrênggêp gada badhama | dhêndha musala suligi | lori limpung luwuk kalewange durma ||

12. Durma

1. sampun lêpas wadya Sang Brajalamatan | ingkang sumambung wuri | Arya Brajadênta | mangku wadya wil sasra | ngrênggêp kawaca mawarni | dwaja bineda | lan raka kyana patih ||

2. carmèng sarpa cinawi rinênggèng naka | ingkang sumambung wuri | Brajamusthi ika | wadya sèwu sêliran | sami prawira ing jurit | dwaja sucarma | paso rai rinawit ||

3. kang sumambung ing wuri Brajamingkalpa | mangku wadya pinilih | sèwu wil gêgala | galak marang ing lawan | tau tatal angentasi |

--- 46 ---

pakarya ngêlar | jajahanirèng wèri ||

4. wuri para punggawa abala dhomas | gumrêg nêngka ing laris | tinungka wadyanya | Sri Arimba sêliran | sèwu ingkang para mantri | ngrênggêp gandewa | sakêthi wil sinêlir ||

5. warna-warna gêgaman daludagira | dwaja têngraning jurit | tinulis sardula | krura mamrih mamôngsa | sinru wadya kang lumaris | ajrih dènira | krudhanirèng narpati ||

6. ing samarga-marga amanggung kruraya | yayah gêmpura bumi | wadya kang kapêdhak | jrih suka surak-surak | goraning swara wus kadi | nêngkêr akasa | kêkês ingkang miyarsi ||

7. wimbuh binarung ing bèri kalasôngka | gubar gurnang thongthong grit | rame mawurahan | marga ingkang kaambah | lêbu lêbar mangulêki | lir ampak-ampak | pêpêtruh anglimputi ||

8. gilap ingkang kawaca carup ujwala | liwêran amranani | tinon sing mandrawa | lir wana kêmbang-kêmbang | awor busananing uwil | kinêmbar mlela | mubyar lir wana basmi ||

9. lampahira linarug sinêrot prapta | watês kikising nagri | nênggih Ngekacakra | kocapa kang nèng pura | kagyat swara kang kapyarsi | gora wurahan | kadya gunturing giri ||

10. pra Pandhawa kumpul linge Darmaputra | iki swara punapi | Arimbi turira | inggih kados punika | prajuritipun kakaji | saban mangkana | swarèng wil Pringgadani ||

11. kados kakang prabu tumêdhak priyôngga | badhe duka ing mami | rèh salahing tingkah | Wrêkudara ngandika | Arimbi kadangmu iki | agawe beka | paran karêpirèki ||

12. kang liningan umatur sampun sumêlang | kula ingkang nanggêni | dukane kakang

--- 47 ---

mas | môngsa kula wêgaha | dèn sami eca ing galih | kantun nèng pura | kula papagne dhingin ||

13. krudhanira pun kakang Raja Arimba | nêmbah Rêtna Arimbi | mring ibu myang raka | tanapi ingkang garwa | nêpak bau dêdêl maring | gêganantara | lêpas lampahirèki ||

14. praptèng jawi kitha waspada tumingal | ingkang raka yaksaji | anitih dirada | jênggarang mandhi gada | sumiyut Rêtna Arimbi | prapta ing ngarsa- | nirèng raka yaksaji ||

15. nora samar kang raka wirodhanira | karsa mungkasi jurit | sang dyah wus siyaga | kanang sêking pusaka | linarihan kang rakaji | janggane pagas | katigas dening sêking ||

16. kapisanan Sri Arimba pêjahira | rumungkêp luhur èsthi | sirah galundhungan | Rêtna Arimbi mangsah | wangkening raka tinarik | ngasta kalihnya | ngundha-undha kumitir ||

17. dyan ingadu kumba lan dipangganira | sampyuh luluh wor siti | kagyat kang wil bala | miyat gustine sirna | sumriwut nêdya belani | para gêgala | galak dènnya mrih titih ||

18. gègèrira kadya gabah dèn intêran | kagyat wil nindya mantri | Sang Brajalamatan | Brajadênta kalawan | Brajamusthi Mingkalpèki | gugup dènira | nyapih wirodhaning wil ||

19. wus sinayut ingimpun mamrih kumpula | aja asalah dalih | wus kèndêl samana | tata wadya rêksasa | Rêtna Arimbi nudingi | mring ari kapat | payoa sisan yayi ||

20. sapanêdya belani kakang Arimba | kene ingsun kêmbari | anêkakna karsa | ari kapat anulya | mudhun saking dènnya nitih | nilar dipôngga | kapat sumungkêm sikil ||

21. sru karuna ature amêlasarsa | kakang bok kadang mami |

--- 48 ---

anêdya punapa | kawula mring paduka | druhaka gêng kula panggih | lamun puruna | mring kadang tuwa marmi ||

22. ingkang agung kakang bok aksamanira | sampun asalah dalih | dumèh ari kapat | tumut ubyang-ubyungan | saking ewuhe kang ati | nglabuhi karya | bumi nata kakaji ||

23. awratipun tiyang ingkang kinauban | awon lamun tan kèksi | nglabuhana karya | ananging botên nêdya | puruna paduka inggih | sintên kawula | kakang bok kadang mami ||

24. wau-wau inggih sampun kula rêmbag | kalawan para ari | lampahan punika | yakti kenging bêbasan | suduk gunting tatu kalih | lire mangkana | mopoa karsa aji ||

25. antuk duka siniku karya druhaka | lamun inggih nuruti | karsane kakendra | antuk siku paduka | wisuha ing karya nisthip | napa miruda | yogyane dèn lakoni ||

26. ing saiba kalok ing sujana priya | buta ing Pringgadani | tan wruh kabêcikan | marmanipun dhuh kakang | mugi paringa aksami | yèn tan ngapura | lêhêng lunasên sami ||

27. belakêna kakaji sintên yogyanya | nguntapêna ing pati | ari kapat pisan | anjawine paduka | kang raka wêlas miyarsi | aturing kadang | milêt mêmalat ati ||

28. larut Rêtna Arimbi ing krudhanira | têmah abela tangis | apa yayi sira | wus nora kalabêtan | saksêrikirèng panggalih | mring lakiningwang | ari kapat wotsari ||

29. pan sarambut pinara sèwu manawa | wontêna ing tyas mami | sêrik mring Pandhawa | malah lamun parênga | suwita sapati urip | luluh luntura | sukèng ngayahannèki ||

30. ingkang raka ngandika lamun mangkana | sira sun gawa yayi | sun aturkên marang |

--- 49 ---

kakang Dyan Darmaputra | panungkulira manawi | dipun tarima | bagya linuntur manis ||

13. Dhandhanggula

1. Arya Brajamingkalpa wotsari | mundur saking ngarsane kang raka | ngundhangi wadyabalane | binêrêg kinèn malbu | mring jro kutha pan sampun kèrit | dening Brajamingkalpa | lampahe gumuruh | giyak samya suka-suka | Dyah Arimbi lan kadangira tumuli | mahawan ing gêgana ||

2. pan ginêlak lampahira prapti | andhingini manjing purantara | wus tundhuk anèng ngarsane | sira Sang Darmasunu | sung pambagi kang lagya prapti | padha dipun sakeca | dènira alungguh | paran Arimbi wartanya | kang liningan tur sêmbah matur miwiti | tumêka ing wêkasan ||

3. langkung suka Radèn Darmasiwi | sarta rêsêp ing driya tumingal | mring Brajalamatan dene | sakadangira mungguh | sêmbadane buta abêcik | nora nilar ing wônda | prayoga ing tangguh | ngandika Dyan Darmaputra | mamèt prana yayi ingsun nêmbadani | sêdyanira mrih arja ||

4. maharjèng rat mayu aywèng budi | sapa wonge kang ambêke arja | antuk ayu wêkasane | luput panggawe dudu | pan rinêksa dening dewadi | wau risang nararya | nêmbah sarwi dhêku | kasok tyase mring Pandhawa | ajrih trêsna satya susatya ing ati | cipta sabaya pêjah ||

5. datan dangu praptanira nênggih | Arya Brajamingkalpa sabala | kèndêl bacira wadyane | rêrêm makuwon sampun | kawot sagung ditya prajurit | Arya Brajamingkalpa | tinimbalan malbu | ing pura datan lênggana | praptèng ngarsa wus kinèn awor alinggih | lan kadange sadaya ||

6. Sang Kusuma Arimbi wotsari | yèn sambada ing karsa paduka | prayoga [prayo...]

--- 50 ---

[...ga] linggar sing kene | rêrêma nèng kadhatun | Pringgadani langkung prayogi | sira narpatanaya | angecani kayun | anuruti karsanira | Sang Kusuma Arimbi linggar tumuli | saking ing Ngekacakra ||

7. kondur marang pura Pringgadani | pan kêrigan kang bala rêksasa | tan winarna ing lampahe | Pringgadani wus rawuh | lajêng manjing sajroning puri | para Pandhutanaya | samyeca tyasipun | nèng ngriku sinungga-sungga | sinungku ing kasukan parisukanting | sungkêm ingkang wil bala ||

8. datan pae lan ratune dhingin | Dyah Arimbi myang sakadangira | dènira jrih sih bêktine | ngungkuli kadangipun | sang yaksendra ingkang wus lalis | malah-malah liningga | bathara umèstu | sawêwarah pitêdahnya | pinituhu tan taha-taha ing galih | anggusti anggêpira ||

9. Arya Sena saya gêng ingkang sih | marang garwa Arimbi Sang Rêtna | antuk babahan ing sihe | dènira sang dyah ayu | bêkti marang Kusuma Kunthi | winong sakarsanira | sarta bangun turut | ing saagnya linaksanan | durung rêngu mangrêsula ing panggalih | Dèwi Kunthi marmanya ||

10. tan anggop dènira mituturi | rèh susila sutraptining krama | miwah kawigyan salire | kagunanirèng wadu | wus widagda Dèwi Arimbi | mangkana Radèn Darma- | putra wontên ngriku | lamine sampun tri côndra | kaèngêtan ing pakarya dènirapti | suwita ring Wiratha ||

11. lamun kandhêg-kandhêga ing margi | andêdangu ing lampah tan yogya | wus rêmbug para kadange | anglajêngakên laku | pra Pandhawa agolong pikir | rêmbage sampun dadya | tan ana kang mêsgul | sira sang narpa Pandhawa | lêlênggahan nèng pura kang ibu tuwin | Arimbi sakadangnya ||

--- 51 ---

12. samya ngadhêp ing ngarsa tan têbih | sira Patih Sang Brajalamatan | lan sakadangira kabèh | pan samya makidhupuh | sawusira atata linggih | Rahadèn Darmaputra | pangandikanipun | yayi mas Brajalamatan | nadyan tuwa rakanira Ni Arimbi | ujêr rupa wanodya ||

13. wajib sira tilar ing pakarti | parentahing praja kasrah sira | lan sakadangira kabèh | laku-lakuning dangu | aja sira yayi ngowahi | prayoga lêstarèkna | lawan malih iku | nagara ing Ngekacakra | ingsun srahkên ring sira kêmpalna yayi | lan Pringgadani praja ||

14. tanêmana kang ditya dipati | sakarsanta pêkênira matah | kang inandêl pakaryane | dene yayi ngong ayun | andumugèkakên ing laris | marang praja Wiratha | karia rahayu | hèh yayi Arimbi sira | dèn narima aja rumasa sirèki | pinêgat trêsnanira ||

15. mring garwanta sayêktine yayi | sapa wonge ingkang nora cuwa | pantèn nêdhêng pasihane | tinilar dening kakung | saking lagi kasrakat kêni | lêlakon kasangsayan | môngka jênêng ingsun | lagi lumaku satêdah- | irèng dewa mêmala kang ngong luluti | lire asudra papa ||

16. tansèng kandhêg ing laku puniki | miwah ngêmu suka saking sira | parikudu sung asihe | nyungga-nyungga sakayun | iku yayi rumasa mami | antuk sikuning dewa | dene dèrèng tutug | môngka kandhêg ing kasukan | mawèh limput nalimpêt wênganing budi | kabêsturon têmahnya ||

17. dene gênge ing sihira yayi | sun tarima ing sakadangira | pinanggiha wuri bae | anutugakên kayun | ngayomana ing suka pari- | suka sinungga-sungga |

--- 52 ---

tan kênèng sêsiku | ing mangke apuranira | kewala mung padhandum basuki yayi | yogya pudya-pinudya ||

18. Dyah Arimbi luhira drês mijil | miwah kadang sira arya kapat | pan sarêng sami ature | pukulun rajasunu | ing pangraos amba upami | jêng paduka sêmbada | ing karsa saèstu | kawula paksa madêga | nata wontên nagari ing Pringgadani | ngayomana wil bala ||

19. môngsa wontêna masguling galih | mandar suka kang wadya rêksasa | saiba ing susêtyane | sarta sinuhun-suhun | wil sapraja ajape sami | tuwan ingkang minôngka | mênggaha ing dalu | dumadia pandamira | mênggah rina ingkang minôngka Hyang Rawi | sumorot sabawana ||

20. karya pajaring prana para wil | kang ingarsa-arsa mung parentah | myang panata panitine | nadyan wadya sadarum | iyêg sami manganti-anti | ing karsa narpaputra | umadêga ratu | êntyarsaning kang wil bala | lalu kadya tarulata kang nêdhêng nglih | ron alum kalêsahan ||

21. ngajap-ajap tibane we warsi | jêng paduka môngka môngsa kapat | yèn karsa dhawuh pamine | dhawahe kang we jawuh | angayêmi tarulata nglih | sayêkti lêbda jiwa | wijah-wijahipun | ing wadya punapa |Kurang dua suku kata: ing wadyabala punapa. Radèn Darmaputra mèsêm anauri | yayi tarimaningwang ||

22. susêtyanta rumasa tan bangkit | amangsulna nanging dudu ika | kang dadi karsèng sun kiye | mundhak akarya luput | siniku ing dewa linuwih | yayi wingking kewala | manawa bisèng sun | malês sihira samoha | mangke muhung aminta lilanirèki | padha karia arja ||

23. Dèwi Kunthi sumambung mintamit | marang putra Arimbi Sang Rêtna | kathah-kathah pitungkase | supaya tan nahên kung | marang laki lagi nglakoni | pitêdahirèng dewa | anulya [anu...]

--- 53 ---

[...lya] sadarum | Pandhawa sami pamitan | têtangisan ketang dènnya pinêgat sih | kang nilar kang tinilar ||

24. wulangune kewala asami | trênyuh ing tyas datanpa jamuga | wigêna agêng têmahe | mangu-mangu mawuyung | wiyangira tanpa upami | pra Pandhawa umangkat | samya amanutur | mangêtêr ing panataran | atur pudya widada basukwèng margi | wus lêpas lampahira ||

25. tistis atis wil sapringgodani | kadya kaniran sotya sing lêngka | nora supêna pisahe | Pandhawa miwal lulut | mêgat ing sih kawêlasasih | tan wus yèn winuwusa | sungkawaning kalbu | Arimbi sakadangira | dènnya sami nawung sungkawaning galih | sapungkure Pandhawa ||

26. kawarnaa ing lampahirèki | narpatmaja Radèn Darmaputra | myang kang ibu sakadange | ngalaya angalangut | tut lêlungur lêngising ardi | angayam-ayam wana | nasak nusup-nusup | ing singup sêsungil sinrang | anarajang rêrèjèng jro jurang miring | iring-iring pinaran ||

27. langkung saking dènira kaswasih | siyang sinêngka alumaksana | ing dalu kewala lèrèn | ngrêrapih rapuhipun | sanggon-gone dènira guling | lèmèk roning palasa | mangkana winuwus | ing lampahira duk prapta | wana tlawah rèrèn pinggiring parigi | miyat ana gandarwa ||

28. anèng panging gayam dènnya linggih | mayangakên suku aliyangan | ing dêlêg alèyèh-lèyèh | gandarwa dupyandulu | mring Pandhawa anggiri-giri | gêgiro anggêgasah | kagyat Pandhusunu | Dyan Pamadi pinarentah | atumanggah sigra mangsah Dyan Pamadi | mawastra Sarutama ||Sarotama.

29. dyan pinusthi lumêpas ngênani | kang gandarwa pêjah kapisanan | sirna ilang kuwandane | datan antara dangu | nênggih wontên [wontê...]

--- 54 ---

[...n] jawata prapti | muwus manadukara | babo sutèng ulun | Pandhawa padha mrenea | prastawakna Sang Hyang Citrasena mami | kamulane cintraka ||

30. kênèng upadarwa duk marêngi | ing kaendran palinggotbawanan | sun ngêntingkên kasukane | arewa-rewa wuru | iku têmah dèn upatani | asarupa gandarwa | tinurunkên ingsun | ing kene têmahan ruwat | dening arinira si kaki Pamadi | bangêt tarimaningwang ||

31. rèhning nora bisa umalês sih- | ira muhung mêngko sun wêwarah | mring sira mrih karahyone | lakunira pikantuk | saking ngriki lajua maring | Tolgati padhêkahan | pan ing kono kulup | jênêngira pruhitaa | brahmana om pandhita dibya mumpuni | ing guna amiguna ||

32. kasup kasutapanira yêkti | tumuruta sapitêdahira | ananging pêkêniranggèr | padha namura laku | pindha sudra supaya kaki | nora akawanguran | mring pra Kurawèku | mundhak amindhoni papa | ala apa angalah laku sathithik | sira siliha nama ||

33. sêsinglona sakarsanirèki | lah wus kaki karia raharja | sun jumurung puji bae | muga dewa linuhung | nêmbadani sêdyamu sami | sawusira wêwarah | saliring lêlakun | muksa Sang Hyang Citrasena | ingkang kari suka sokuring dewadi | Rahadèn Darmaputra ||

34. amituhu wus sêsilih nami | Wijakôngka Radèn Darmaputra | Kunthi Endhang Arinine | Bima sêsilihipun | Ki Birawa dene Pamadi | mindha warna brahmana | Wandu aranipun | nênggih Kandhiwrêhatnala | Dyan Nangkula cantrik Tantripala nami | Rahadèn Sahadewa ||

35. silih nami cantrik Damagranti | pan sadaya amindha brahmana | nêdya ngajawa lakune | sawusira sarêmbug |

--- 55 ---

dènnya silih nama utawi | namurkula amindha | brahmana lêlaku | mangkat saking pinggir sêndhang | kang sinêdya ing padhukuhan Tolgati | ginati sakanthinya ||

14. Kinanthi

1. datan winarna ing ngênu | lampahe Sang Pandhusiwi | kunêng gantya cinarita | patapan ing Antolgati | dhukuh dadya padhepokan | gêng karajan Antolgati ||

2. sintên ta ingkang palungguh | brahmana om sang arêsi | kasup kasutapanira | marma paningale sidik | sudibya saliring guna | sinihan dening dewadi ||

3. kinalulut para ratu | sabrang miwah ratu Jawi | kathah samya purohita | nadyan wiku-wiku wukir | manguyu cantrik jêjanggan | sami sumewa mamèt sih ||

4. mrih bawa karana sêngkut | saking wus sampating ngèlmi | sampurna marang kamuksan | mangkana sang maha rêsi | nuju lênggah pacrabakan | siniwèng pra puthut cantrik ||

5. myang wasi-wasi manguyu | ngayap ing ngayun atitip | têpung sapangkat-pangkatan- | nirèng kadibyanirèki | kinèn abawa karana | sarasehaning astuti ||

6. tiniti patitisipun | putusing rèh tingal jati | kaecan samya rêrasan | rosing kamuksan mrih sidhi | sêdhênge piwulangira | dumugi sang maha rêsi ||

7. pangandikanira arum | padha rumantia sami | manirarsa katamian | satriya sutèng narpati | sakadange namurkula | mêmêla luwih kaswasih ||

8. satriyèku badhe ratu | pandhita kasihing Widhi | widagda ring kasudibyan | sakadange titah luwih | linuwihakên sasama | samaning para narpati ||

9. ing mangke lagya lumaku | karsaning Hyang Udipati | pinatah rumaksèng jagat | birating titah durniti | têtulung ring kasusahan |

--- 56 ---

saranane satriyèki ||

10. sinangsarakakên agung | mrih ngêgungakên prihatin | iki dungkap praptanira | sun arsa ngungak-ungaki | marang jawi pakarangan | payo samia umiring ||

11. sang rêsi tumêdhak sampun | ingayap manguyu cantrik | wêwasi miwah jêjanggan | praptèng pakarangan nuli | pagut lawan Pandhuputra | sang pandhita ngacarani ||

12. amarpêki makidhupuh | praptèng ngarsa ngandikaris | suwawi lajêng kewala | ring asrama ingkang mugi | sampun mawi taha-taha | ature Dyan Darmasiwi ||

13. inggih sakalangkusakalangkung. nuhun | sihira sang maha yogi | tan lèn aksama andika | prapta kawula puniki | mung arsa tur kasukêran | suka gumujêng sang rêsi ||

14. sarwi nyandhak astanipun | kalingane anggèr iki | pun bapa ingkang nugraha | bagya kamayangan yêkti | katêkan sakadangira | pasihaning dewa luwih ||

15. samana samya lumaku | sapraptaning pangasrami | wus sami lênggah satata | sira Ni Endhang Arini | ngaturan manjing jro wisma | wingking pinanggihan dening ||

16. kucumbine sang awiku | samya rêsêp ing panggalih | bangkit dènira mèt prana | rèh bojakramane ngênting | kucumbine sang pandhita | luwih samaning pawèstri ||

17. kunêng kang nèng wismèng pungkur | kacarita sang arêsi | angênting pahargyanira | mèt prana bangkit ngayêmi | tyasing têtami sadaya | mrih eca anèng asrami ||

18. tan winarna laminipun | dènira nèng Antolgati | Sang Brahmana Wijakôngka | sakadangira pan sami | tansah winisik kadibyan | kaprawiran lan kasaktin ||

19. salir gunaning apupuh | aji jaya wijayanti | ngênting tinumplak sadaya | kadibyane sang arêsi | winisikkên Wijakôngka | sakadangira abangkit ||

--- 57 ---

20. tan kewran ing agal lêmbut | marang ajur-ajèr manjing | widagda sakadangira | pracihnèng tyasira lantip | anulya wiwit winulang | kasampurnaning dumadi ||

21. dumugi kamuksanipun | winaspanakakênwinaspadakakên. jati | sajatining kasampurnan | purnaning panêmbah dening | dununge doning panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||

22. pinatitisakên putus | patraping apasang putih | sadaya sarwa widagda | wimbuh sihira sang rêsi | mring sira Pandhutanaya | dènira tumêmên tuwin ||

23. mituhu ing sapituduh- | ira risang maha rêsi | sanadyan sampun wasistha | wêwulang tan nèng kalêmpit | ewadene Wijakôngka | kalawan kang rayi-rayi ||

24. tan anggop ing siyang dalu | parpatan lan para wasi | manguyu miwah jêjanggan | tuwin para wiku wukir | pikantuk bawa karana | mrih pati-pati patitis ||

25. titising kawruh sajatu | kèh rêna kang para cantrik | puthut manguyu jêjanggan | ajar myang pra wiku wukir | laire amawong mitra | nanging batine anggusti ||

26. sakarsanira ingugung | pae sira Pandhusiwi | sukaning tyas mung mrih puja | mantra mring dewanirèki | ing sabên ratri lêlana | kulina mahas ing sêpi ||

27. salamine wontên dhukudhukuh. | ngasrama AntalagatiAntolagati. | dèrèng ate mugut lampah | prihatinira pinardi | kang winudi widadanya | kadadyaning sêdya kingkin ||

15. Asmaradana

1. sigêg kang manggung prihatin | gantya malih kang winarna | amangsuli caritane | nênggih nagari Madura | Sang Prabu Basudewa | sapraptane Arya Prabu | Kôngsa sawadya rêksasa ||

2. langkung sungkawaning galih | kang ginalih sri narendra | amung paran wêkasane | lêlakon nagri Madura | mangkya kênèng rubeda | sawadyabala [sa...]

--- 58 ---

[...wadyabala] margiyuh | dènira solahing Kôngsa ||

3. kabina-bina dustartiduskarti. | mrih arubiru kewala | kalawun-lawun murkane | angkara budi candhala | cênthula marang wadya | manungsa niyayanipun | tan wus prentah cacah-cucah ||

4. iku margane prihatin | Sri Narendra Basudewa | tan pêgat dènira mamèt | tyasing janma samadura | binolehan rèh darma | mêmarta mrih ayêmipun | ecaa manahing wadya ||

5. pendah tyase wong sanagri | sampuna tumolih nata | myang kang rayi sakarone | Dyan Arya Prabu Rukmaka | kalawan Ugrasena | kados kewala kabanjur | bubare wong samadura ||

6. makatên malih sang aji | ing panggalih wus rumasa | antuk siku ing dewane | marmanira nora pêgat | nalôngsa mintaksama | pasrah ring Bathara Guru | ala ayuning lampahan ||

7. ing mangke Basudewaji | tuwuh sumêlanging driya | marang putra katigane | kang wontên Widarakandhang | kawarti wus diwasa | Dyan Kakrasana puniku | lan ari Dyan Narayana ||

8. karone kapati-pati | bêsure pratingkahira | mung adigung sakarsane | nora kêna pinalangan | sartane ingaruhan | dyan kalih gêng dukanipun | kang naru sisip-sisipnya ||

9. jinêmpalan mring dyan kalih | nadyan para umbul dêmang | yèn puruna anaruwe | pinala purun kewala | amung Ki Ôntagopa | ingkang kineringan iku | liyane wus nistanèng wangwang ||Lebih satu suku kata: liyane wus tanèng wangwang.

10. nênggih ingkang dèn keringi | milane môngsa punika | Ki Ôntagopa tan anggop | anampèni pasêrêgan | para kang jinêmpalan | Ki Ôntagopa kalamun | anampèni pasêrêgan ||

11. wasis mèt prana bolèhi | mrih tan dadya [da...]

--- 59 ---

[...dya] ing sakira | sinung diyat sapantêse | ing sabên-sabên mangkana | nênggih rahadèn putra | ing mangkya saya ambêsur | dhukuh ing Widarakandhang ||

12. pinêtha kutha mangrawit | pagêr karas sinantosan | jinugang môngka jagange | jugangan kinêpung gêlang | pinggiring pakarangan | kinapurancang pinatut | lawan paregolanira ||

13. panataran dèn tanêmi | witing ringin sakêmbaran | kinurung pacaksujine | saking dêling kang kinarya | winangun pinrayoga | satingkahe rajasunu | pan dudu sawadinira ||

14. kapyarsèng rama sang aji | ing sasolah tingkahira | karya mêlange tyas katong | marmane Sri Basudewa | gupuh nglampahkên duta | nimbali Sang Arya Prabu | Rukmaka tan dangu prapta ||

15. ing dalêm pura ngarsaji | kang raka andikanira | yayi mas paran tingkahe | putranira ingkang ana | dhêkah Widarakandhang | agawe mêlanging kalbu | lamun iku kapyarsaa ||

16. putranira kadipatin | layake môngsa wandeya | winudi pinrih sirnane | baya iku Ôntagopa | weya pangrêksanira | nora pisan apitutur | marang ing momonganira ||

17. kêndhake pikire yayi | putranta Si Kakrasana | lan Narayana karone | lamun kabanjur-banjura | agawe wancakdriya | mulane yayi sirèku | alumakua priyôngga ||

18. mring Widarakandhang panggih | Ôntagopa tuturana | dipun rêmit pangrêksane | aja kongsi kawanguran | kalawan kaki Kôngsa | saakal-akale iku | Si Ôntagopa manira ||

19. mapan wus pitayèng batin | ananging iku manawa | Si Kôngsa kongsi kaprungon | yêktyarda dêdukaningwang | kang rayi awotsêkar |

--- 60 ---

matur sandika ri sampun | ênting wêwêlinging nata ||

20. Arya Prabu Rukmaka glis | mundur saking purantara | ing sêdyayun laju bae | têdhak mring Widarakandhang | ing lampah cêclingêpan | yêktine tan ana wêruh | lampahe Arya Rukmaka ||

21. ing Widarakandhang prapti | kapanggih Ki Ôntagopa | Arya Prabu andikane | êndi putra-putranira | têka tan katingalan | kang liningan aturipun | pukulun putra andika ||

22. sarêng wus diwasa mangkin | awis-awis wontên wisma | mapan dalênjêt kemawon | kêkaring karêmênannya | kulinèng pagunungan | mantuk-mantuk wanci dalu | byar enjang sampun kesahan ||

23. sah runtungan radyan kalih | nakale kaliwat-liwat | kawula asring kemawon | anampèni pasêrêgan | satêmah kênèng diyat | mring têtiyang dhusun-dhusun | kang pinala putra tuwan ||

24. Arya Prabu ngandika ris | kayapa hèh Ôntagopa | kalamun lêstari kuwe | ing tingkahe sutanira | pagene mênêng sira | têka sungkan tutur-tutur | Ôntagopa aturira ||

25. inggih sakalangkung gusti | ing sabên dina tan pêgat | kang abdi ing sêsagêde | atur wêwarah rèh arja | sêsulang mrih pêpalang | ing solah kang saru-saru | ananging putra andika ||

26. mêksa tyase datan kêni | kanakalanipun uga | dèrèng mêndha kongsi mangke | piturutipun sadhela | bilih mêntas kawula | srêngêni sanès dintên wus | kalêmpit sawarah kula ||

27. arya prabu ngandika ris | lah iya wis Ôntagopa | mung mêling sapungkur ingong | poma sira ingkang bisa | malangi karsanira |

--- 61 ---

si kulup karo kalamun | duwea tingkah tan yogya ||

28. mapan kakang sri bupati | wus pitaya marang sira | mungguh pangrêksa rêmite | mokal sira tan ngrungua | kalakuane Kôngsa | mung êdir bae adigung | gumunggung rêmên niaya ||

29. iku pikirên kang yêkti | kapindhone wêkas ingwang | sutamu pokal gawene | padhukuh Widarakandhang | têka pinêtha kutha | nganggo nanêm wringin kurung | sakêmbaran anèng natar ||

30. Ôntagopa iku wajib | sira ngèngêtna ki putra | sulang-sulangna kang yêktos | lamun iku palarangan | ora kênane iya | dèn èngêtêna si kulup | iya rusakên priyôngga ||

31. môngsa dadia punapi | yèn ana dêdukanira | ki putra warahên bae | lamun jênêng pêkênira | antuk dukaning nata | Ôntagopa nêmbah matur | sang anom inggih sandika ||

16. Sinom

1. Arya Prabu malih nabda | wismanira minta amit | kondur marang jroning kutha | arsa umatur Sang Aji | Ôntagopa wotsari | inggih sumôngga pukulun | saliring kalêpatan | kawula katur sang aji | mung mangarsa-arsa pidana narendra ||

2. wit saking gênging rumasa | lêpatipun ingkang abdi | amomong putraning nata | prandene ngantos katiti | pinariksa jêng gusti | satuhu ing ina ulun | weya marang wadaka | ing sadasa kadospundi | mila amung mangarsa-arsa pidana ||

3. Sang Arya Prabu Rukmaka | pangandikanira manis | aja sumêlang tyasira | lamun pêkênira bangkit | sasat lêlakon iki | yèn kongsia lumastantun | iya momonganira | nora nana kawis-kawis | lah sapira gêng sihe sri naranata ||

4. Ôntagopa marang sira | andhêku saha wotsari | Ôntagopa aturira | kewala antuka gusti | pangèstu tuwan tuwin |

--- 62 ---

raka paduka sang prabu | manggut Arya Rukmaka | kondur Ôntagopa miring | kongsi prapta sajawining padhadhahan ||

5. anulya sewang-sewangan | Ki Ôntagopa winarni | sapungkure gustinira | waringin kurung sarakit | jagang pajupat tuwin | kapurancange linêbur | sadaya wus rinusak | umèstu dhawuhing gusti | kunêng ingkang lagi ngrusak pajagangan ||

6. kacarita lampahira | sang arya prabu wus prapti | pura umatur ing raka | sasolahira tinuding | miwiti amêkasi | sadayanira wus katur | suka Sri Basudewa | miyarsa aturing ari | kunêng ingkang suka gantya winursita ||

7. ing kadipatèn samana | Kôngsa Sang Prabu taruni | tansah dènnya parêpatan | lawan wadya punggawa wil | punika ingkang dadi | pagununganing pakumpul | Arya Suratimôntra | ya ta ing dina sawiji | Arya Prabu Kôngsa nuju lêlênggahan ||

8. ingkang cakêt mungging ngarsa | Suratimôntra Apatih | lawan Arya Baratdhana | Arya Erangkara tuwin | Bantalangkara sang wil | Bagaskara mungging ngayun | ditya Suratimôntra | mring putra aturirèki | anggèr kula mirêng têmbang rawat-rawat ||

9. bêbasanipun kang ujar | pajar binandhung ing kuping | nadyan sing tiyang pasaran | basa kabar anggèr pasthi | wontên kanilirèki | upamine ingkang kukus | sambawa yèn tan ana | apine saking sapêlik | padhukuhan Widarakandhang punika ||

10. wontên abdine sang nata | Kyai Ôntagopa nami | môngka juru amiyara | rajakaya iwèn gusti | tinitipan putraji | têtiga kang kalih jalu | putri ingkang satunggal | Kakrasana wastanèki | arinipun aran Radèn Narayana ||

11. kang putri Wara Sumbadra | Rara Irêng awêwangi | pinarap Dyah Bratajaya | têtiga punika sami | winadaka mrih rêmit |

--- 63 ---

Ôntagopa pamongipun | môngka Dyan Kakrasana | sambawa puniku bilih | botên dipun gadhang-gadhang madêg nata ||

12. gumantya Sri Basudewa | sampun diwasa samangkin | sami karêm olah brata | pruhitèng pra wiku wukir | punikanggèr punapi | tan dadya pakewuhipun | inggih galih andika | têmtu kewala ing wingking | amêmalang sumirang wênang andika ||

13. angagro-agro parasdya | dumadya angrêregoni | anggèr mênggah karigênan | kawula langkung prayogi | pinrih sirna ingungsir | upamine latu murup | mupung dèrèng maraman | tan rêkasa panyirêping gni |Lebih satu suku kata: tan rêkasa panyirêping. Arya Prabu Kôngsa amangsuli sabda ||

14. kadosparan lêkasira | ewuhaya ing pambudi | misesa datanpa dosa | anjawine angupadi | jêjalaran rumiyin | sêsadon pakantukipun | katingala ngakathah | ing nalar botên nalingsir | ditya Arya Suratimôntra turira ||

15. inggih anggèr kaluhuran | dhawuh andika puniki | nging kadya wus kaparêngan | ing môngsakalanirèki | wit mangke putra katri | murang panataning ratu | purun-purun ayasa | pakaranganira nênggih | pan pinêtha kutha bakuh bêbitingnya ||

16. mawi jagang kapurancang | winangun drigama rungsit | jêjagang ngilenan toya | wutah-wutahan sing ardi | punika sampun kenging | kinarya dhadhakanipun | karantêne sadaya | kawula pan botên kêni | amuranga panatanirèng narendra ||

17. sayêkti kenging pidana | prandene kang wani-wani | niru rakiting nagara | miwah wêwanguning puri | pan kênèng kukum pati | mila makatên pukulun | kaewokakên tiyang | ambalela pratôndhapti | purun dhatêng praja mila kukum pêjah ||

18. yèn pêthuk karsa andika | supados tuwan tan kêni |

--- 64 ---

panggrayangan bab punika | kaping kalihipun kèksi | rumaksa ramantaji | lan katon taklim pukulun | sanadyan amidosa | misesa ing kukum pati | sinuwuna rumiyin ring ramandika ||

19. manawi wus kaparênga | inggih anggèr sintên malih | ingkang ngêtrapna pidana | mangrurah mêngsah puniki | jawi kula pribadi | môngsa lêgaa tyas ulun | yèn botên ngawakana | priyôngga prabu taruni | angandika inggih paman kasinggihan ||

20. jêngandika antènana | sakêdhap kula sumiwi | jêng rama mring purantara | Dyan Kôngsa tumêdhak nuli | marang ing dalêm puri | lan rama sampun kapangguh | gupuh Sri Basudewa | kang putra ingawe prapti | ngarsa nata sumungkêm angèstupada ||

21. kang rama gung ngaras-aras | lungayanira mawanti | sawusnya lênggah satata | kang rama ngandika aris | kaki agati-gati | paran kang dadya lakumu | sumiwi mring jro pura | tan kalayan sun timbali | Radèn Kôngsa awotsêkar lon turira ||

22. inggih wigatining karya | botên katênta pun patik | lumampah para wadulan | ing tuwan saking pamanggih | kawula tarlèn saking | kabêkta murinèng kalbu | saha rumaksèng praja | sampuna wontên kang wani | wani nêrak anggêr panataning praja ||

23. pukulun ing padhêkahan | Widarakandhang kang nami | Kyai Buyut Ôntagopa | saputranira kêkalih | pun Kakrasana tuwin | Narayana purun-purun | nêrak anggêr nagara | padhukuhannya rinakit | kitha adrigama rungsit pêthanira ||

24. dene mawi dipun jagang | kinapurancang utawi | nanêm kang waringin kêmbar | tinanêm nèng natar ngarsi | lêrêsipun anênggih | kênèng ing

--- 65 ---

pidana kukum | pêjah ingkang punika | kawula anuwun idi | amidana mring putrane Ôntagopa ||

25. lêrêsipun kukum pêjah | langkung kumêpyur ing galih | sang prabu kalane myarsa | ature prabu taruni | gugup gènnya mangsuli | babo anggèr putraningsun | swargane wong pêputra | têka bisa murinani | mring wong tuwa karatone rinaksaka ||

26. iyanggèr abênêr sira | iku kênèng kukum pati | ananging panuwunira | ingsun nora nêmbadani | nadyan kukuma pati | têka ing wisesaningsun | dadi nora akarya | kêndho panataning nagri | miwah nora cinêla ing wadyabala ||

27. dene prakarèku uga | dintên benjing-enjing kaki | sun utusan pamanira | salah sawiji anêlik | Widarakandhang bilih | kapara nyata aturmu | nuli sun patrapana | ing kukum agêringanggêring. nagri | Radyan Kôngsa kèndêl langkung cuwanira ||

28. tanpa matur mung wotsêkar | mundur palarasan saking | ngarsane kang ramanata | kang kari langkung prihatin | Basudewa Narpati | utusan nimbali gupuh | kang rayi Radyan Arya | Prabu Rukmaka wus prapti | dalêm pura Sri Basudewa ngandika ||

29. wêwarah saaturira | kang putra prabu taruni | wasana mundhut prayoga | Dyan Rukmaka awotsari | punika langkung saking | agêng-agênging pakewuh | nanging kalamun datan | pinutus nalar puniki | botên wande tansah winudi ing wuntat ||

17. Pangkur

1. manawi tuwan sêmbada | inggih amba priyôngga kang lumaris | mawi wêwênang pukulun | nalikèng padhêkahan | ing Widarakandhang bilih pawartèstu | têmên kadya aturira | putranta prabu taruni ||

2. punika

--- 66 ---

lajêng kewala | amba matrapakên wisesa aji | nanging kang katrapan kukum | pun Buyut Ôntagopa | binaronjong salajênge tinarungku | semah sutane wanodya | kaboyong mring dalêm puri ||

3. gampil lamun kang prakara | sampun putus têtêpe kukum pati | de pun kaki karonipun | pinrih kesah kewala | nglampahana amartapèng gunung-gunung | pintên banggi bilih benjang | wontên mursiting kang ati ||

4. thukul manahe ki putra | kadosdene kudanganing sudarmi | ature dyan arya prabu | sarwi pasang sasmita | ingkang raka tanggap anggarjitèng kalbu | sêmu kaduga ing driya | wuwuse arum aririh ||

5. yayi bênêr jênêngira | dan kang rayi winisik ing wêwêling | lajêng kalilan alaju | marang Widarakandhang | ingkang rayi sigra wotsêkar amundur | saking dalêm purantara | praptaning jawi amiji ||

6. punggawa sapanêkarnya | kinèn miring sawusira miranti | lajêng wau budhalipun | alêpas lampahira | tan winarna ing marga gantya winuwus | sira Arya Prabu Kôngsa | saundure saking puri ||

7. praptèng dalêm kadipatyan | lawan Arya Suratimôntra panggih | awêwarah saliripun | karsane ingkang rama | purwa madya wasana sampun katutur | guguk wil Suratimôntra | matur sarwi ngêntrog wêntis ||

8. punika anggèr kacêtha | ramandika awratipun ing galih | mila kalamun panuju | ing dina benjang-enjang | nglampahêna caraka punggawa diyu | sami kinèn analika | lampahe duta narpati ||

9. kang dhatêng Widarakandhang | lamun rajanitinipun nalingsir | kaparênga misesèku | dados carakandika | sinungana wêwênang [wê...]

--- 67 ---

[...wênang] daraponipun | botên sandeya ing karya | datan ngaping kalih kardi ||

10. manggut sang prabu taruna | angandika paman borong ing kapti | kang pinatah alumaku | matur Suratimôntra | asandika sigra animbali gupuh | punggawa sang bagaskara | kang pêparap Gêndhingcuring ||

11. tinuduh kinèn nalika | dutèng nata sarta winêling-wêling | kalawan wêwênang sinung | kêna yèn amisesa | Buyut Ôntagopa dalah putranipun | wusnya têlas wêlingira | sira sang wil Gêndhingcuring ||

12. sapanêkarira mangkat | sangkêp sikêp ing prang lêpas lumaris | sabala gumrah gumrêgut | kunêng ing lampahira | wadya ditya gantya malih kang winuwus | dhukuh ing Widarakandhang | Ki Ôntagopa alinggih ||

13. myang Sagopi semahira | putra karo sinandhing nora têbih | Sumbadra sang kusumayu | lan Rarasati ika | kaki Buyut Ôntagopa alon muwus | nyai ana lêking manah | iya gon ingsun amikir ||

14. putramu karo kang kesah | tansah katon nèng kêcêping pangaksi | cumanthèncumanthèl. tungtunging kalbu | mungguh rasaning manah | lir winênyêt nyai trênyuhing tyas ingsun | babo kayapa ing benjang | dadine lêlakon iki ||

15. sun rasa-rasa rumasa | sisip-sisip sêmbire ing nagari | Madura kèh rusakipun | wit saking rajamudha | mêngko amarsudi marang ro putramu | pinrih sirnane sumarma | gawe sèwu-sèwu sêdhih ||

16. upama katona boga | kaya-kaya nulia ingsun bukti | wus purna nora kadulu | Kiyai Ôntagopa | dènnya muwus mênggah-mênggah sarwi muwun | moncap-mèncêpmencap-mèncêp. lathinira | srikutan [sriku...]

--- 68 ---

[...tan] astane kalih ||

17. Sagopi bela karuna | miwah putra karo ambêrbês mili | Sagopi lon sauripun | kyai andikanira | têka andêdaut manah kula èstu | tumut manawung sungkawa | nanging kadospundi malih ||

18. yèn mingkuh ring pringgabaya | anjawi mung pasrah dewa linuwih | wontên tuna jungkangipun | ing pamomong andika | pêpuntone manah kawula mung labuh | ing lara kalawan pêjah | awrat inandêl ing gusti ||

19. Sagopi rinangkul sigra | mring semahe sarwi dipun tangisi | dhuh lêpas têmên budimu | nyai ambak wanodya | bisa anampani rasane tyas ingsun | nyai gon ingsun karuna | mau mung mikir sirèki ||

20. mênèk kadung tekadira | môngka sèsthining driyaningsun nyai | ya kaya wuwusmu mau | lamun wus mantêp sira | sutanira katiga iku yèn nêmu | ing siyasat siya-siya | nêdya sulung lêbu gêni ||

21. dèrèng dugi angandika | Ôntagopa kasaru ingkang prapti | radèn putra karonipun | Krêsna lan Kakrasana | sami jujug gèn bapa myang bibinipun | Dyan Kakrasana ngandika | apa kang sira tangisi ||

22. gupuh Buyut Ôntagopa | putranira rinangkul ingarasi | Sagopi ingkang rinangkul | Rahadèn Narayana | Rêtna Wara Sumbadra lênggah nèng pungkur | pêngkêrane Kakrasana | sinungkêman dèn tangisi ||

23. kalara-lara karuna | sambatira kakang suwe sirèki | bangêt gonku ngayun-ayun | ing benjang malih aja | suwe-suwe mênèk lêlungan sirèku | ingsun datan bêtah pisah | yèn lalua ing panganti ||

24. sayêkti asuduk jiwa | ingkang raka gumuyu sêmu tangis | mêngkono bae sajêgmu | anggêr tinilar lunga | nora [no...]

--- 69 ---

[...ra] kêna kasuwèn anganyut tuwuh | iku bok dèn marènana | mundhak gawe sônggarunggi ||

25. palane wong alêlungan | nora kêna binantu iku yayi | yèn durung cukup ing pêrlu | pasthine durung têka | ingkang rayi matur sarwi sênggruk-sênggruk | iku pêrlune mèt apa | jêr tan kurang sandhang bukti ||

26. yèn ngupayaa wanodya | sabên dina nèng wong ngunggah-unggahi | lamun amuriha ngèlmu | si bapa Ôntagopa | sabên dina gone mêjang mring sirèku | kang raka gumujêng suka | iya uwis lara uwis ||

27. ingsun nora lunga-lunga | anèng wisma bae momong sirèki | sang rêtna suka ing kalbu | sarwi ngusapi waspa | iya kakang aja sok ngecani wuwus | Dyan Kakrasana ngandika | hèh bapa sun tanya yêkti ||

28. sapa kang wani ngrusaka | pakarangan Widarakandhang iki | jêjugangane ingurug | kapurancange rusak | morak-marik lawan kang waringin kurung | pêpagêre binarobah | Ôntagopa anauri ||

29. babo anggèr sutaningwang | ingkang ngrusak jênêng ingsun pribadi | karantêne antuk bêndu | dera sri naradipa | prakarèku nyawa laranganing ratu | witning aja jênêng ingwang | kaya pinocung ing pati ||