Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 18-39)

Katalog:Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294
Sambung:
1.Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 01-17). Bahasa dan Budaya | Wayang #1104.
2.Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 18-39). Bahasa dan Budaya | Wayang #1105.
3.Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 40-61). Bahasa dan Budaya | Wayang #1106.

18. Pocung

1. muwus sêndhu Kakrasana pageneku | wani nglarangana | kamulane jênêng mami | mapan dudu abdine Natèng Madura ||

2. têka antuk bêbêndu kalayan siku | apa karanira | sri narendra angawisi | ing wong gêgawean santosaning dhadhah ||

3. langkung rêngu Kakrasana ngadêg gupuh | kang rayi ingajak | Ki Udawa nora kari | lare tiga dandosi amaripurna ||

4. jagang kapurancang kang rusak binangun | waringin sêngkêran | dinandosan wus sarwapik | sampun [sa...]

--- 70 ---

[...mpun] mulya lir nguni-uni rakitnya ||

5. Kyai Buyut Ôntagopa dupyandulu | langkung susahira | kang putra ingarih-arih | dèn rêrintih kang mulya mrih rinusaka ||

6. iku lamun kapyarsa malih lan prabu | tan wande dêduka | ngêgêngkên dosa sayêkti | nanging Kakrasana pan wus nora kêna ||

7. karsanipun santosa wus nora keguh | lamun dèn emutna | rahadèn kapara runtik | malah-malah winêwahan rêrênggannya ||

8. sang rêtnayu Wara Sumbadra saklangkung | sukanirèng driya | winonging raka kêkalih | pan sinarah sinungku sukaning karsa ||

9. sang rêtnayu lan raka tansèng tut pungkur | anuju samana | ngrêrêngga dhêkah sinambi | among ingkang rayi Kusuma Sumbadra ||

10. kang winuwus praptanira Arya Prabu | Rukmaka sawadya | Ki Ôntagopa udani | gupuh-gupuh malajêngi ingkang prapta ||

11. asumungku ing sukunirarya prabu | sarwi sru karuna | ature amêlasasih | lah suwawi gusti marang dalêm wisma ||

12. arya prabu nuruti mring wismanipun | wus lênggah satata | Ôntagopa maksih nangis | aturira pukulun abdi paduka ||

13. sèwu-sèwu kalêpatan amba nêngguh | rèh wus tan kawawa | malangi karsaning gusti | putra tuwan akarya susahing manah ||

14. têka bangun kang dados awisan prabu | kawula èngêtna | wali-wali botên kêni | milanipun gusti kang abdi kewala ||

15. nadyan jinur linêbur dèn kongsi luntur | sumôngga ing karsa | arya prabu nabda wêngis | alah dene sirèku katêmpuh tuwa ||

16. nora tuwuh pituwas titising tutur | maring kaki putra | têka inguja sakapti | wantuning nom iku mung bôndha kaduga ||

17. yèn kadyèku têtêp sira tan mituhu | sawêlinging nata | sambawa yèn tan miyarsi | lakon iki [i...]

--- 71 ---

[...ki] ina têmên Antagopa ||

18. arya prabu kathah-kathah dukanipun | wasana lingira | Ôntagopa karsa mami | pakaryane sutamu Si Kakrasana ||

19. lah rusakên inggal kewala ywa keguh | Kyai Ôntagopa | dèrèng kongsi anauri | kawuwusa sira Radèn Kakrasana ||

20. cat karungu saking dhadhah dènnya bêndu | Sang Arya Rukmaka | kathah-kathah andukani | Ôntagopa angèmbèt ingkang salira ||

21. sigra mlêbu mring wisma awas andulu | marang sang nararya | radèn katgada ing galih | kawistara jaja bang andik ing surya ||

22. ambêg purun katon gumrêgêt kadyayun | ngancap sang nararya | Ki Ôntagopa udani | Kakrasana kadya dukane tan kêna ||

23. asinayut Kyai Ôntagopa gupuh | rinangkul kang putra | sarwi tinangisan angling | babo babo anggèr sira arêp apa ||

24. purun-purun lumarag marang gustimu | baya kaya ngapa | mangkono tingkahirèki | arak mundhak andêdawa para dosa ||

25. yèn kalalu polahmu kang nora patut | apa tan wêlasa | anggèr marang jênêng mami | lêng pun bapa kewalanggèr patènana ||

26. rajasunu kanggêg tyasira duk ngrungu | wuwuse Ki Ônta- | gopa sarwi anangisi | têmah mirut rahadèn wirodanira ||

27. Kyai Buyut Ôntagopa malih muwus | lah mara nguncupna | asta ngabêktia nuli | marang gusti iku arine sang nata ||

28. ingkang sinung wuwus wangkot tan miturut | mung jêngêr kewala | arya prabu siking galih | bocah iki wantêre kagila-gila ||

29. bok dèn tulus dene sêmbada ing tangguh | gagah aprakosa | benjang sugiha kasaktin | Arya Prabu apitambuh angandika ||

--- 72 ---

30. hèh ki buyut apa ta iku sutamu | matur Ôntagopa | inggih punika kang abdi | suta kula kang sêpuh gagah taruna ||

19. Sinom

1. Dyan Arya Prabu Rukmaka | apasang sasmita pinrih | pitutur mrih amartapa | Ki Ôntagopa nanggapi | wasis ing kêdhap liring | kang putra malih rinangkul | lan ngawe Narayana | kang ingawe anuruti | manglbèngmalbèng. wisma lênggah jajar lan kang raka ||

2. ki buyut alon wacana | babo karo putra mami | rèhning wus padha diwasa | sêdhênge jêngira sami | mangana warah yêkti | pituhunên tutur ingsun | padha dipun rumasa | sira sutane wong cilik | akuciwa cinêla ing sama-sama ||

3. iku kaki rasakêna | mungguh asale wong cilik | tan bisa mor ing samohan | karane durung angampil | drajat tigang prakawis | kawiryawan ing liripun | drajating kartiyasa | para nayakaning aji | kapindhone gunawan darajatira ||

4. kang para pandhita miwah | ingkang para wasis-wasis | katigane kaartawan | manggone kang para sugih | drajat têtiga ugi | gêgeyonganing tumuwuh | tumuwuhe manawa | ginayuh lawan pambudi | lah budinên tri iku salah satunggal ||

5. luwange ing kuna-kuna | kikisane wong ngupadi | darajat kang wus kawarah | tarlèn saking mati ragi | karêm ataki-taki | têtakona wiku-wiku | mungkula purohita | poma kaki dipun bangkit | amangarah wêwarah murih raharja ||

6. rèhing pati patitisna | yèn wus putus iku lagi | anitisêna kasidan | ing parasdya dimèn dadi | widada sihing Widhi | têmah kawasa amêngku | drajat tigang prakara | nadyantuka salah siji | wus kalêbu kabêgjanirèng tumitah ||

7. lamun ora mangkonoa | paran dadimu ing wingking | yêktine tanpa wêkasan |

--- 73 ---

maksih momor ing sasami | sami-sami wong cilik | kewala sukaning amung | muwah-muwah kèh pangan | muluse anandur pari | parikêdah ngluwihkên pala kasimpar ||

8. myang kapêndhêm sumapala | kinarya sambung yèn ladhis | isining lumbung linambang | lah mara limbangên ugi | mungguh rasaning ati- | nira manawa panuju | amor lan bôngsa sudra | lan sira amomor kaki | bôngsa kartiyasa kalawan pandhita ||

9. utawa mor pra nangkoda | miwah ingkang para sugih | rasakêna traping jalma | tanduke yèn marang rêsi | rêsêp sih sêmu ering | beda lawan tandukipun | marang para nayaka | wêdi sarta ngaji-aji | yèn momora nangkoda lulut kewala ||

10. asihe sêmu miluta | tanpa amrih tanpa kering | mulane kaki kang para | lêpas burus ingkang budi | kang dipun pinarsudi | kawiryawan lêpatipun | darajating gunawan | karo iku salah siji | kaki dhingin parsudinên murih kêna ||

11. luwange ing kuna-kuna | pira ta lamun winilis | sarjana miwah sujana | ing satanah Jawa iki | lêkase dènnya budi | widadaning sêdyanipun | tarlèn mung karêm olah | pujabrata taki-taki | tirakat gung umahas ing wana sunya ||

12. iku kaki lakonana | martapaa marang wukir | ing ngêndi sasukanira | Dyan Kakrasana nauri | iya ingsun lakoni | bapa sapakonirèku | tarlèn ingsun aminta | pandonganira kang mugi | ingsun lawan sutamu Si Narayana ||

13. dinulura liring sêdya | dening dewa kang linuwih | Ki Ôntagopa ngandika | srikutan astane kalih | ngusapi luh drês mijil | pêgat-pêgat wuwusipun | ya aja wancak driya | sapêngkêrira [sapêng...]

--- 74 ---

[...kêrira] jêng mami | ngrêrewangi cêgah dhahar lawan nendra ||

14. kang sun puja amung sira | babo sutaningsun kalih | sinêmbadana ing dewa | ing karsanira ywa tuni | samana radèn kalih | amit sarêng pangkatipun | nilapakên arinya | kang kari nglênggêr tan mosik | Ôntagopa anglir tugu sinukarta ||

15. netra malêlêng tan bisa | kêdhèp mung luhira mijil | adêrês kadya turasan | ingkang rinasa wit dening | pugale radèn kalih | ing mangke têka piturut | saprentah linêksanan | lêgawa nora gangsuli | katêmahan trênyuh tyase Ôntagopa ||

16. kongsi supe têtaminya | ingungkurkên dangunèki | dyan arya prabu ngandika | bage sokur-sokur mami | sutanira kêkalih | têka lêgawa ing kalbu | ing sapitêdahira | Ôntagopa jumbul anjrit | nolih nulya nungkêmi pada karuna ||

17. akathah sêsambatira | dyan arya prabu lingnya ris | wis aywa kèh kang rinasa | mundhak agawe prihatin | mêngko lêga tyas mami | sutanira amiturut | mring wararja mrih tama | sarèhna tyasira dhingin | Ôntagopa ing mêngko padha rêmbugan ||

18. Ki Ôntagopa tur sêmbah | suwawi punapa gusti | ingkang dados karsa nata | èstu kawula lampahi | sampun ingkang asakit | nadyan dumugining lampus | kang abdi mung sandika | yèn maksih makatên gusti | raosipun tyas kawula lêng pêjaha ||

19. saking rumasa tan bisa | apisah momongan mami | dyan arya prabu ngandika | karsane sri narapati | rèhning lêlakon iki | wus nora kêna sinuwuk | Kôngsa adrêng karsanya | dènira amamrih pati | marang sutanira [suta...]

--- 75 ---

[...nira] karo pisan ||Kurang dua suku kata: marang sutanira kêkarone pisan.

20. ingkang kinarya dhadhakan | dènira mangun capuri | pinêtha bitinging kutha | winudi kukume pati | iya sutamu kalih | iku karsane sang prabu | sutamu karo pisan | kinèn lunga amartapi | dene putusing prakara jênêngira ||

21. tinrungku môngka lirunya | nanging pidanane nganti | kacêtha gone ngupaya | iya sutanira kalih | mangkono iku naming | minôngka gêlar sang prabu | supayane dadia | trimane prabu taruni | mula aja kosêngguh atamênanan ||atêmênanan.

22. pidanane sri narendra | mulane sira dèn bangkit | wirang isin lakonana | rumuhun labuh karyaji | idhêp-idhêp sirèki | anapakakên sutamu | Ki Ôntagopa nêmbah | inggih sandika jêng gusti | sampun ingkang rewa-rewa pinidana ||

23. sanadyan inggih sèstua | kawula dipun pêjahi | samêndhang botên ngrêsula | lagya samantên turnèki | wau ta ingkang prapti | wadya rêksasa gumuruh | dutane raja mudha | punggawarya Gêndhingcuring | lan panêkarira ngrurah padhêkahan ||

24. riwut tandange wil bala | dêgsura datanpa kering | ngrusak jagang kapurancang | gugup kang nèng jroning panti | arya prabu agipih | ngawe pra mantri misêpuh | kinèn sami nyêpênga | Ki Ôntagopa nulya glis | para mantri amikut Ki Ôntagopa ||

25. rinêjêng nulya binônda | linêbêtakên tumuli | ing bronjong binêkta mêdal | Ôntagopa api nangis | sambate mêlasasih | tarlèn putra karonipun | dhuh anggèr Kakrasana | Narayana putra mami | apa sira padha nora kulak warta ||

26. yèn ingsun kawêlasarsa | cinêkêl dutèng narpati | binronjong yun pinidana |

--- 76 ---

ing pati samêngko iki | ginawa marang nagri | dhuh anggèr rêbutên ingsun | bêbathang ingsun iya | candhinên ingkang prayogi | babo anggèr Kakrasana Narayana ||

27. ingsun apamit palastra | kari lola sira kaki | mari tinunggu wong tuwa | wong tuwamu kawlasasih | nêmu siyasat dadi | siya-siya patinipun | dhuh-adhuh Kakrasana | Narayana suta mami | bok iyaa sira amulih sadhela ||

28. nadyan ngong têkèng antaka | sok ugaa wus udani | ing warnamu karo padha | kêna karya sangu pati | lan sapa kang ngopèni | anggèr ing bêbathang ingsun | apa têka kapiran | iya raganingsun iki | salin cipta sambate asmaradana ||

20. Asmaradana

1. dhuh-adhuh Nyai Sagopi | sira anisa kewala | sutamu gawanên kabèh | mundhak kalepetan dosa | ngamungna jênêng ingwang | aja sira mèlu-mèlu | anglakoni pinidana ||

2. inggal bae Nyi Sagopi | lungaa saking jro wisma | nyai amung amit ingong | lilanira sun palastra | jurungên puja môntra | lêpasing kamuksan ingsun | wau kang anèng jro wisma ||

3. sira Sang Nyai Sagopi | kumêpyur tyasnya miyarsa | sinambat marang lakine | prandene miyarsa swara | ing jaba tanpa rungyan | wil bala agawe gugup | dènira ngrurah dhêkahan ||

4. anglês tyase Nyi Sagopi | ragi gugup wantunira | wanodya kênèng pakewoh | nora wêruh wadinira | Sagopi bilunglungan | saanane darbèkipun | wus kinukutan sadaya ||

5. ginendhong sarwa pakolih | putra ro sampun ingajak | kinanthi kanan keringe |

--- 77 ---

Kusuma Wara Sumbadra | kinanthi asta kanan | Larasati keringipun | agupuh linarak mêdal ||

6. putra ro akontrang-kantring | sru nangis saurut marga | têbih Sagopi lampahe | anèng jawi padhêkahan | Sagopi gêgancangan | wuwusên kang para diyu | ingkang ngrusak padhêkahan ||

7. solahe anggêgirisi | ting jalemprak ting galidrah | giri-giri anggêgiro | marang wong Widarakandhang | gugup abubar-bubar | sasaran ngungsi lumayu | atilar bale wismanya ||

8. dènira ngungsi mèt urip | giris giniro ing ditya | siji tan ana tumanggoh | sami gugup kamigilan | wantuning jalma desa | kêna gêlaring pra diyu | durmane abilunglungan ||

21. Durma

1. ditya Gêndhingcaluring suka tumingal | mring solahe wong dèsi | gugupe kalintang | siji tanna lumawan | lumayu ambêbêntusi | kang bale wisma | tinilar tan tinolih ||

2. amung ketang dènnya ngungsi amèt gêsang | parentah Gêndhingcuring | kinèn angrabosa | pawisman Ôntagopa | dan wadya wil parêng angrik | angrok rumusak | capuri morak-marik ||

3. wadya ditya campur lan wadya manungsa | pating bilunglung sami | kang wadya manungsa | tinunjang dening ditya | tandange dènnya ngrusaki | kang pakarangan | jagang wus dèn urugi ||

4. kagyat sira Dyan Arya Prabu Rukmaka | miyat solahing yaksi | jumênêng asarywa | nudingi sru ngandika | he sira wil kadipatin | pagene têka | murang krama sirèki ||

5. paran karyanira padha wani sira | gawe tingkah tan yogi | sapa parentaha | kanggêg kang wadya ditya |

--- 78 ---

dènnya tinudingan dening | Arya Rukmaka | andikane awêngis ||

6. dadya samya umatur kang wadya ditya | saking ki lurah gusti | Arya Bagaskara | prentah kinèn ngruraha | midana kang darbe panti | Ki Ôntagopa | sasutanira kalih ||

7. Kyai Gêndhingcuring saking dhawahira | nênggih prabu taruni | Sang Arya Rukmaka | asru andikanira | dudu ki prabu taruni | darbe wêwênang | atas jêng sri bupati ||

8. ingkang amisesa ngêtrapna pidana | apan jênêng ngong iki | dutane sang nata | kèn nyêpêng Ôntagopa | wus kêna sun bônda mangkin | arsa sun gawa | katur marang narpati ||

9. têka sira padha wani rumuraha | gawe susahing janmi | ingkang nora dosa | lah mara banjurêna | tingkahira kang kadyèki | wau Sang Arya | Gêndhingcuring miyarsi ||

10. kaluhuran sabda èstu kalingsêman | ingawe kang bala wil | miwah wus miyarsa | sambate Ôntagopa | marang sutanira kalih | Kakrasana lan | Narayana pinurih ||

11. angrêbata bêbathange sang wil arya | sampun kadugèng galih | lamun Kakrasana | lan Narayana mangkya | anis saking ing jro panti | tanbuh pinaran | nulya ngimpuni dasih ||

12. wusnya ngumpul budhal saking padhêkahan | nêdya samya ngulati | kanan keringira | dhukuh Widarakandhang | wontên mantrine pangarsi | undhagyèng guna | aran wil Tejamantri ||

13. kanthinira pêparap Ki Saraita | iku manggung tinari | karo tan kêna sah | ngidul ngetan parannya | golong lampahe wadya wil | Ki Saraita | umatur tur udani ||

14. niku wau ki lurah wontên wanodya | katiga dènira nis | mring ki kang minargan | puruge ngidul ngetan | gancangan [ga...]

--- 79 ---

[...ncangan] dènnya lumaris | sarwi karuna | tarlèn kang dèn sambati ||

15. Kakrasana Narayana tinangisan | pandugi kula kadi | nusul Kakrasana | wanodya lampahira | ki lurah lamun suwawi | linut linacak | bilih sagêt kapanggih ||

16. kang dipun prih gusti kula kadipatyan | manggut wil Gêndhingcuring | sampun anglêlacak | Kèn Sagopi lampahnya | kunêng lampahe wadya wil | gantya winarna | Arya Rukmaka dupi ||

17. mêngkêr wadya rêksasa ing kadipatyan | parentah marang dasih | kinèn angangkata | bronjonge Ôntagopa | ginotong wong kalih dèsi | binêkta budhal | marang jroning nagari ||

18. ing samarga-marga Kyai Ôntagopa | tan pêgat dènnya nangis | tarlèn kang sinambat | sutane Kakrasana | Narayana kèn nglêlari | kulaka warta | tinon ngêrês-êrêsi ||

19. tan wus lamun winuwus Ki Ôntagopa | sambate urut margi | gantya winursita | mangsuli caritanya | lampahe Nikèn Sagopi | saputranira | gancang samargi-margi ||

20. rêrikatan putra ro nangis mlasarsa | Wara Sumbadra angling | biyung iki paran | marang ing ngêndi baya | iya dènira angungsi | têka rêkasa | rikatan laku iki ||

21. ingsun uwis nora kuwawa lumampah | ngêthoke sikil mami | bok kèndêl sadhela | Sagopi saurira | babo anggèr sira gusti | aja komanah | anggêr gancang ing laris ||

22. lah wulatên ing wuri kae wil bala | nututi laku iki | lamun kacandhaka | tan wande winisesa | kaya ramanira gusti | Wara Sumbadra | muwus biyung Sagopi ||

23. jêr ku apa kang tinolih wong si bapa | bakal pidana

--- 80 ---

pati | kakang karo pisan | lunga nora karuwan | luhung nurut bae bêcik | iya wasisan | dimèn ingukum pati ||

24. lamun nora ingukum pati ya bela | priyôngga suduk dhiri | jêjaragan nêdya | sulung lêbu ing mawa | apa gawe awèt urip | nora tinêngga | ing kadang myang sudarmi ||

25. yèn ngungsia mèt gêsang dêstun yèn dêlap | dêlap-dêlape urip | Sagopi anyêntak | babo lah bocah apa | karaya-raya angungsi | pan amung sira | kênaa sun gondhèli ||

26. têka seje têmên lan ajaping manah | wuwuse Kèn Sagopi | sarwi akaruna | luh adrês marawayan | mangkana lampahirèki | rikataneya | wantune wong pawèstri ||

27. nora paja-paja tumimbang ing priya | bêbasane anênggih | ngarubyuk kawratan | ing pinjung wong wanodya | apêse yèn manggih wèsthi | têmah katungka | lampahe nawung kingkin ||

22. Asmaradana

1. sampun linancangan ing wil | satêmah kinalang-kalang | Sagopi lalu andheprok | gêtêring angga rumasa | tiwas mung cipta pêjah | ulate abiyas payus | yayah asawang kunarpa ||

2. pandheproke Kèn Sagopi | ngrangkul putra karo pisan | ing ngarsa kanan keringe | binathithit ing rêksasa | majate wus tan ana | wênganing budi sarambut | nging rèhning Hyang Maha Nasa ||

3. kumêdah rumaksa maring | titahe Wara Sumbadra | Sagopi têka abolong | tyase mosik èngêtannya | darbe aji kamayan | ciptane arsa tinanduk- | akên ring wadya rêksasa ||

4. tuwuh têtêging panggalih | tan giris ginora-godha |

--- 81 ---

ing wadya ditya sakèhe | ya ta wau cinarita | Ki Tejamantri arsa | aparipêksa amikut | mring semahe Ôntagopa ||

5. Tejamantri marêpêki | wuwuse tanpa rêringa | hèh Ôntagopa semahe | nututa sun cêkêl sira | lan sira balakaa | yèn kudu manggih rahayu | tutura ingkang pasaja ||

6. ewadene yèn sirapti | nêmu pati siya-siya | lan saputranira kabèh | sakarsamu yèn kumbia | satêmêne kewala | marang ngêndi kesahipun | Kakrasana Narayana ||

7. sumaur Nikèn Sagopi | dhuh ki lurah ngong pasaja | têmêne wong botên wêroh | puruge Si Kakrasana | Narayana Udawa | dene kesah kula ayun | ngupaya suta kawula ||

8. pan dèrèng kongsi kapanggih | lampah sampun katututan | mangke botên langkung borong | badan kawula punika | rèh tiyang alit kula | winisesèng gusti ayun | pinidana kukum pêjah ||

9. dosaning putra nglèpèti | yêktine botên suminggah | mung yèn parêng panuwun ngong | nadyan dipun pêjahana | badan kula priyôngga | putra kula wanodyayu | punika Wara Sumbadra ||

10. lah tuwan inggih alinging | ing wingking luhung kalapa | ing tuwan priyôngga dados | cèthi sampun lêga lila | kula puji ing dewa | benjang sêsuta ajalu | mugi dipun gombakana ||

11. manawi sampun awanci | sagêt nênêdha agungan | murih tinumbaskên bêlo | yèn dika yun sumewaka | pun gombak kalayua | dèn nêng-ênêngna puniku | ing bêlo môngsa mulara ||

--- 82 ---

12. Togog kalane miyarsi | Kèn Sagopi saurira | têka karasa ing tyase | kêna ing aji kamayan | sanalika lir buyan | rontog tyasira mar trênyuh | ngandika arawat waspa ||

13. adhuh aja sok anangis | babo sutaningsun gombak | sapira rêganing bêlo | anggèr ywa kalayu sira | sun seba mung sadhela | gya mulih momong sirèku | Ki Togog anuli lunga ||

14. sagon-gone sru anangis | sambat sutane si gombak | lah pira rêganing bêlo | wadya ditya kang tumingal | sami gumuyu suka | kapingkêl-pingkêl katungkul | ing guyu-ginuyu samya ||

15. saparane dèn tut wuri | Togog dening kang wil bala | ginuyu ing sagon-gone | sambat sutane si gombak | aja kalayu sira | anjaluka bêlo satus | môngsa nora katêkana ||

16. kang ngêpung sampun agusis | kaesisan Nikèn Ngrasa | lamun mandi kamayane | nulya malih alumampah | lan suta ro gancangan | sinêru anusup-nusup | sêsingup dènnya singidan ||

17. kawuwusa Tejamantri | durung wus dènnya tangisan | dlêminge mung bêla-bêlo | sambat sutane si gombak | tanbuh ing purugira | Ki Gêndhingcuring kapêthuk | mring Togog asru têtanya ||

18. kayapa lakonirèki | mau dènnyarsa nyêkêla | mring Ôntagopa semahe | Togog malêlêng saurnya | dhuh sutaningsun gombak | bêlo apa sira jaluk | anggêre mênêng kewala ||

19. Gêndhingcuring sru ambêkis | hèh Togog [Togo...]

--- 83 ---

[...g] sira tutura | ing lakunira kapriye | Lurah Togog asru nyêntak | apa bêlo pidêksa | thole gombak sira jaluk | mung aja klayu kewala ||

20. gumuyu wil Gêndhingcuring | edan Togog kênèng buyan | saure mung bêla-bêlo | bêlo iku bêlo apa | lan gombak gombak apa | he Saraita sirèku | Togog mau kênèng apa ||

21. nora kêna dèn takoni | saure mung bocah gombak | lan pira rêganing bêlo | gumuyu Ki Saraita | matur purwa wasana | sasolahira wus katur | Gêndhingcuring langkung duka ||

22. he dudu wong si kêpadhil | wong wus tuwa dadak edan | kênèng kamayan tan kraos | inggal sira Saraita | uyahna wadya ditya | pira kuwate wong wadu | sênggrangên macan kewala ||

23. môngsa abôndakalani | parentah Ki Saraita | wadya wil ginêrêg kabèh | anglut bujung anglêlacak | Sagopi lampahira | mangkana malih kabujung | ing ditya yudakanaka ||

23. Pangkur

1. duk lagyarsa akêcandhak | Kèn Sagopi dhèngkèlên sru anangis | kewala dheprok dalanggung | putra ro rinangkulan | têtangisan langkung saking kawlasayun | kunêng malih cinarita | sang panêngah Pandhusiwi ||

2. sampun sawatara lama | kalanira Pamadi anênêpi | saking jroning guwa samun | kondure akalunta | lir tinuju ing bingung Sang Pandhusunu | ing mangke miyarsa ana | wanodya ngiyêng anangis ||

3. pinarpêkan kawistara | wadon katri binujung ing rasêksi | karuna kawêlasayun | katgada Radèn Parta | ciptanira [ciptani...]

--- 84 ---

[...ra] Pamadi arsa têtulung | Kèn Sagopi pinarpêkan | tinanya aturirèki ||

4. ing purwa madya wasana | sampun katur wasana amalatsih | mêmêla aminta tulung | sinanggupan de Parta | sangking wêlas mulat wadon kawlasayun | kapindho mulat Sumbadra | kasok sihe Dyan Pamadi ||

5. mangkana andikanira | rikat bibi pêkênira sumingkir | kene têka wuriningsun | lan aja wancak driya | wirudhaning raksasa sun kang tumangguh | Sagopi srêp manahira | lênggah wurining Pamadi ||

6. Dyan Parta dèrèng anduga | yèn punika kadangira pribadi | nak-sanak saking kang ibu | ya ta wadya rêksasa | kang angêlut Kèn Sagopi purugipun | kanggêg dening pinalangan | ing janma taruna pêkik ||

7. wil Gêndhingcuring amatag | marang wadya kinèn ngrêbuta wani | wadya lit ajrih tumangguh | Gêndhingcuring bramantya | asru krodha agra magalak brakuthu | marpêki wêngis têtanya | he sapa aranmu kodhik ||

8. arubiru wadya ditya | angakua kewala aja kumbi | kaprênah apa sirèku | lan wanodya kang ana | wurinira iku bêbujungan ingsun | têtêpe wong jêjarahan | pagene sira alangi ||

9. nêmah dosa jênêngira | marang gustiningsun prabu taruni | Dyan Pamadi sauripun | yèn sira tanbuh ringwang | Kandhiwrêhatnala ing pêparap ingsun | balik sapa aranira | têka wani angêngkoki ||

10. bujung wanodya jarahan | apa sira nyêngguh ingsun tan dêling | kalamun wanodya iku | arsa sira niaya | Gêndhingcuring asugal mamak sirèku | yèn sira tanbuhtambuh. maringwang | ingsun Arya Gêndhingcuring ||

11. punggawa jro kadipatyan | alumaku [alu...]

--- 85 ---

[...maku] lan wêwênanging gusti | kinèn masesa Ki Buyut | Ôntagopa kang sarta | anjaraha wadone myang darbèkipun | saanane rajabrana | karane Ôntagopèki ||

12. kêna ing dosa nagara | wus tinêtêpakên ing kukum pati | marmane ulungna gupuh | ywa ngarubiru sira | Kandhiwrêhatnala alon sauripun | ditya kodhik doracara | cêmêring jagat nyukêri ||

13. kêna sira amisesa | marang wadon kang ana wuri mami | yèn wus pagas jangganingsun | bisa sira misesa | payo kene sun kêmbari sabudimu | Gêndhingcuring sru bramantya | kumrut ringas nubruk wani ||

14. Kandhiwrêhatnala panggah | sru tinubruk kanan endha mangering | napuk pilingan kumêpruk | dhupak pundhak kalênggak | Gêndhingcuring kêrêp tiba kajarungup | bêngêp raine sinepak | sirah puyêng tinampiling ||

15. wil mangkas mangsah sahasa | sarwi narik curiganira kèsthi | Wrêhatnala gya sinuduk | tinitir tan tumama | Wrêhatnala kasukêran jroning kalbu | mambêt gandaning raksasa | wangkinganira tinarik ||

16. duk Gêndhingcuring rumupak | sinarêngan sinundêp Pulanggêni | kêna wêwadhuke butul | bêdhah jaja ringannya | kapisanan Gêndhingcuring pêjahipun | kagyat sagunging wil bala | nêdya bela ambêg pati ||

17. kumrutug ngêbyuki lawan | Wrêhatnala kewran sigra amusthi | kang pawanastra sumêbut | nabêt bala kabuncang | dening bajra panjara wil bala kombul | gusis kabuncang ing bajra | siji datan ana kari ||

18. Sagopi suka tumingal | pinarpêkan sarya alon dènnya ngling | sangêt ing panuwun ulun | anggèr ing pitulungan | punapa kang kawula

--- 86 ---

walêsna dêstun | ing jiwa raga sumôngga | rumasa botên darbèni ||

19. saking kapotangan gêsang | tarlèn anggèr suta kula puniki | kalapa paduka besuk | lamun sampun diwasa | rèhning mangke maksih jêbêng botên langkung | ing galih dipun darana | Wrêhatnala anauri ||

20. sarwi balang liringira | Rêtna Wara Sumbadra kang pinêndir | gampil bibi prakarèku | anggêr wus sami arja | Rêtna Wara Sumbadra kalane pagut | ing liring dadya iriban | tumungkul dènnya ngendhani ||

21. sarwi nguwik-uwik lêmah | langkung merang sang rêtna dalêm batin | Wrêhatnala osikipun | rare iki kapara | wagu wêlu patute dhoso alêngus | amung mêmanise iya | sajagad dipun dhèwèki ||

22. lan kocake tingalira | kaya dudu darahe ing wong cilik | sun badhe dhosone besuk | dadi prak ati sarta | wagu dadi tênaga ênggone kidhung | dadi luwês dhèmês iya | parigêl miwah tarampil ||

23. pêpukiraning wadana | wiwit suluh benjang kuning dumêling | ujwalane angênguwung | wang-wang neja wangkawa | êndi ika ingkang kuciwa ing wangun | wong ayu sarwa sêmbada | mulus sarirane ramping ||

24. dalah jarijine ika | angudama ngêri angrêspatèni | dhuh-adhuh dene wong iku | gawe rasaning driya | lae lae bok iya gêlêma dulu | sakêdhap liring kewala | minôngka pituwas jurit ||

25. dangu Wrêhatnala dènnya | nawang marang sang rêtna tan nimbangi | kêrêp ngêsah ngadhuh-adhuh | mênggah atêbah jaja | apikêsêl dènira amêntas pupuh | pedahe dèn wêlasana | marang paraning tyas brangti ||

26. nanging Sang Rêtna Sumbadra | amung [a...]

--- 87 ---

[...mung] tambuh kewala tan nimbangi | radèn kathah solahipun | sêsangkribing ngarimang | kongsi pêgêl tyasira wasana muwus | hèh bibi têmêne sira | arsa ngungsi marang ngêndi ||

27. tyasira aja sandeya | bibi ingsun ingkang amêmanuki | dimèn tan sangsayèng laku | ana ingkang rumêksa | Kèn Sagopi ature gèr botên langkung | nyumanggakakên sakarsa | Wrêhatnala lingiraris ||

28. lah bibi luwih prayoga | muliha mring Widarakandhang malih | apa gawe kusung-kusung | ngungsi marang ing liyan | aja sira sumêlang mapan jêng ingsun | ingkang rumaksakèng sira | matur sandika Sagopi ||

29. anulya parêng umangkat | Kandhiwrêhatnala lan prêpat kalih | rumaksa datansèng pungkur | wus lêpas lampahira | kunêng ingkang mring Widarakandhang kondur | gantya ingkang cinarita | Arya Prabu lampahnèki ||

30. wus praptèng praja Madura | Ôntagopa sampun pinarnah mungging | trungkon de sang arya prabu | lajêng malêbèng pura | tundhuk anèng ngarsane kang raka prabu | umatur sarwi wotsêkar | mijilkên solah tinuding ||

24. Mijil

1. amiwiti malah amêkasi | rèntèh lir cariyos | ingkang raka anênggak waspane | ketang trêsnanira marang siwi | putranirèng aji | sangkêp bapa biyung ||

2. têka kênèng lêlakon mlasasih | tan pae lawan wong | trahing sudra kang lola lunglune | kalêlunta kasmala malatsih | kepon tyas sang aji | datansah kapiluh ||

3. kang sumewa sami bela tangis | Basudewa katong | sigra manjing sanggar langgatane | nungku puja mêmintèng dewadi | ingkang putra

--- 88 ---

katri | mugia lastantun ||

4. winantua nugrahaning Widi | saliring lêlakon | dumadia umanjing tapane | kunêng ingkang amanggung prihatin | gantya kang winarni | kadipatèn nuju ||

5. Risang Arya Kôngsa eca linggih | kang cakêt ing kono | Sang Suratimôntra sandhahane | pêpêk para kang ditya dipati | lagya gunêm kawis | tan lyan kang rinêmbug ||

6. ing Widarakandhang prakarèki | rèh sang putra karo | wus lunga nis ing padhêkahane | Ôntagopa kang minôngka ganti | tinrungku anganti | sakacandhakipun ||

7. Kakrasana Narayana sami | sampun ingupados | pra punggawa Madura akinèn | ngupaya mring rajaputra kalih | sapira anênggih | Kôngsa cuwanipun ||

8. lagya eca gunêm dènnya budi | bangkite kapanggoh | pan kasaru kang wadya dityakèh | kumarutug dhawah saking nginggil | ing nguni kang kêni | pawanastra anung ||

9. kathah ingkang kantu miwah mati | kagyat prabu anom | non wil bala lir riris dhawahe | sampun sami tinulungan nuli | Kyai Tejamantri | ingandikan sampun ||

10. praptèng ngarsa dinangu wotsari | sira Lurah Togog | angaturkên sasolah tingkahe | amiwiti malah amêkasi | kalane miyarsi | Kôngsa sakalangkung ||

11. dukanira ayayah sinipi | ngantirahngatirah (dan di tempat lain). netra ro | wêngis muwus sira Togog mangke | jênêngira sun kanthèni malih | punggawa kang sakti | sudibya ing pupuh ||

12. balia mring Widarakandhang mrih | jagaruna kono | mênèk katon klilip ingsun mulèh | kêna sira wisesa upami | durung katon mulih | bêcik sira tugur ||

--- 89 ---

13. anèng dhêkah lan angintip-intip | ngingsêpa pawartos | dene Kèn Sagopi saputrane | wadon lamun katingala mulih | lah cêkêlên ugi | pan wus bênêripun ||

14. dadi jêjarahan Nyi Sagopi | saputrane wadon | yèn ana kang mêmalang nyaruwe | kêna sira misesa ing pati | Togog awotsari | sandika turipun ||

15. gya tinundhung kinèn mangkat aglis | Kyai Lurah Togog | kinanthenan punggawa jro dene | ingkang gantung lampah Adipati | Bantalangkarèki | punggawa gêgêdhug ||

16. sampun budhal sapanêkarnèki | lampahe gumuroh | ingkang kari ana kadipatèn | maksih jênak dènira alinggih | sang prabu taruni | ring paman amuwus ||

17. kadipundi paman ingkang budi | dika kula bobot | Sang Arya Suratimôntra ture | anjawine salin gêlar inggih | yèn pêthuk ing kapti | andika umatur ||

18. mring kang rama jêng sri narapati | dèn jak adon-adon | ngadu sawung nging môngka sawunge | têtiyang de sawung dika nênggih | sayêktine benjing | inggih jênêng ingsun ||

19. ramanira turana mêngsahi | sampun apilih wong | anggêr purun sintên kinarsakke | nadyan nyambat Dewa Suranadi | kula botên ajrih | kinrubuta sèwu ||

20. mila anggèr makatên kang budi | ing pamanggih ingong | lamun condhong kaparêng galihe | ramanira yèn benjang prang tandhing | kathah wong ningali | abên-abên wau ||

21. pandugèng ngong Kakrasana tuwin | Narayana nonton | lamun sami nontona kalihe | gampil anggèn kula amrih pati | punika ngong ungsir | pinrih sirnanipun ||

--- 90 ---

22. kapanujon sang prabu taruni | manggut ngandika lon | inggih paman langkung prayogane | benjang-enjang kawula sumiwi | mring rama sang aji | kalayan umatur ||

23. lir andikanira kang winuni | gih kados kemawon | kangjêng rama kathah miturute | kunêng kadipatèn tan winarni | mangkana marêngi | ri Soma anuju ||

24. Prabu Basudewa duk siniwi | ing wadya supênoh | ambalabar lir sabên-sabêne | para mantri punggawa panamping | panglawe patinggi | panglima myang umbul ||

25. ingkang cakêt lênggah ing ngarsaji | risang ari karo | Arya Prabu Rukmaka malihe | Ugrasena miwah kyana patih | Saragupitèki | sri nata lingipun ||

25. Sinom

1. ring ari Arya Rukmaka | yayi sira apa uwis | anêbar mantri punggawa | kang kopatah angulati | marang putramu kalih | lan sandining wêling ingsun | kang rayi matur nêmbah | lah inggih sampun dewaji | amba pilih kang para sêpuh kewala ||

2. tan ninang wêwêling tuwan | lagya samantên turnèki | Sang Arya Prabu Rukmaka | kasaru wau kang prapti | risang prabu taruni | lajêng wau ngaras suku- | nira kang rama nata | ingaras lungayanèki | sawusira lênggah jajar ingkang paman ||

3. Risang Arya Prabu Kôngsa | nêmbah matur ring ramaji | pukulun lamun sêmbada | panggalih tuwan suwawi | ngabên sawung sujanmi | kang ingabên saktinipun | myang kaprawiraning prang | de sawung kawula nênggih | mung sajuga pun paman Suratimôntra ||

4. tinandhingana sakarsa | paduka kangjêng dewaji | sanadyan dèn karubuta | mung anggêripun kadugi | pun paman anandhingi | wasana anuwun dhawuh | Sang Prabu Basudewa | angliring kang rayi kalih | kang liningan [li...]

--- 91 ---

[...ningan] ananggapi ing sakarsa ||

5. Sang Arya Prabu Rukmaka | sumaruna ngandikaris | kaki mêngko sun têtanya | mungguh adu-adu janmi | priye pranatanèki | apa mung sakalahipun | apa kongsi palastra | lan totohane punapi | Arya Prabu Kôngsa mêsèm aturira ||

6. ing sakarsanipun paman | kawula têka umiring | prandene kang karya tohan | mênggah yèn paman mas picis | anênggih saupami | paman kawon sawungipun | brana kawula kêkap | lamun kawon sawung mami | kalungsura lênggah kula rajamudha ||

7. makatên malih jêng paman | kalamun kangjêng ramaji | lamun karsa nandhingana | kang môngka totohannèki | karatonipun nênggih | yèn kawona sawungipun | jêng rama kalungsura | lajêng kawula gêntosi | botên pae yèn kawon sawung kawula ||

8. inggih lajêng dèn lungsura | pangkat ngong prabu taruni | dene kang karya kalangan | prayoga bacira ngarsi | sangajênging sitinggil | punika sinungan panggung | palênggahan jêng rama | bilih kaparêng ningali | pinggir ngalun-alun ingkang lèr kawula ||

9. iyasani pêpanggungan | kamota ing sawadya wil | kang wetan jêng paduka myang | sawadya pacara ampil | kang kilèn panggungnèki | paman Ugrasena mungguh | sawadya pacaranya | pinggir kalangan prayogi | kinêpunga ing prajurit sowang-sowang ||

10. miwah kang para dipatya | mangkua wadyanira ris | Sang Arya Prabu Rukmaka | pangandikanira ririh | iyanggèr wus prayogi | karsanira kang puniku | nanging ta coba-coba | rumuhun ingsun pribadi | ingkang nandhingana sawung pêkênira ||

11. pamanira Ugrasena | benjang kang gênti nandhingi | yèn pamanira [pama...]

--- 92 ---

[...nira] wus kalah | lagi ramanira aji | ingkang gênti nandhingi | nanging dhingin ingsun ngruruh | jago ingkang prayoga | ingadu mrih nêmbadani | sarèhêna kulup sawatara dina ||

12. sêdhênge gonira yasa | pêpanggungan uwis dadi | dadi nora na kuciwa | tinonton sakèhing janmi | sang prabu nêmbadani | Rukmaka pratikêlipun | Sang Rajamudha Kôngsa | langkung sukanirèng galih | sakarsane tan pinalang de kang rama ||

13. mangkana pan sampun dadya | ing rêmbag agolong pikir | anulya jêngkar Sang Nata | Kôngsa kondur kadipatin | wadya bubaran sami | ri kalih kèrit ngadhatun | sapraptanirèng pura | Sri Basudewa lingnyaris | kayaparan yayi sira nanggupana ||

14. mring putranira Si Kôngsa | sun bobot budinirèki | Sang Arya Prabu Rukmaka | ature sarwi wotsari | pukulun sri bupati | kaki Kôngsa kajêngipun | nuwun idi ing tuwan | angabên kang sawung janmi | ing panampi kawula gih pralampita ||

15. pikajênge gege môngsa | dènirarsa mêngku nagri | sadaya daya gumantya | ing jêng paduka sang aji | yèn botên dèn turuti | datan wande pandukipun | kasar têmah rêmpon prang | milane amba turuti | ngiras nyobi dibyane Suratimôntra ||

16. yêkti badhe katingalan | guna santikaning jurit | ing wingking gampil kewala | yèn wus wrin jro èthèknèki | upamine we kagikali. | panabrange botên rangu | upamia dahana | wruh gêng alit urubing gni | panyirêpe èstu sagêt ngarah-arah ||

17. kang raka alon ngandika | iya bênêr ujarnèki | mêngko budimu kayapa | kang rayi malih wotsari | punika yèn suwawi |

--- 93 ---

lawan panggalih pukulun | pun yayi Ugrasena | kinèn lumampah pribadi | nyuwun bantu dhumatêng nagri Ngastina ||

18. kawarti para Kurawa | satus sami dibya sakti | punika tuwan suwuna | lamun Dhrêstharata Aji | kaparêng amaringi | kang para Kurawa satus | dados sêsawungira | Ugrasena de pun patik | angupaya sawung akesah priyôngga ||

19. nyuwun pitulungan para | wiku jêjangganing wukir | ngiras pantês atêtanya | dadyaning Madura nagri | punapa inggih kêni | rinêbat ing agal alus | pintên banggyantuk wêca | ingkang raka nayogyani | iya yayi padha mangkata priyôngga ||

20. ingsun wus bodhowèng sira | ing pangarahira murih | pakolihe kang linakyan | andhêku kang rayi kalih | linilan parêng amit | sakalihan Arya Prabu | mangkat arêbut paran | Ugrasena marang nagri | ing Ngastina Rukmaka lalu mring arga ||

21. sêsowangan lampahira | datan winarna ing margi | gantya malih kacarita | risang rajaputra kalih | Kakrasana lan ari | Narayana lampahipun | sira Jaka Udawa | tut wuri paraning gusti | rajaputra karo tansah turut arga ||

22. ing sabên goning pandhita | ngampiran dèn pruhitani | yèn wus sampat ing piwulang | rahadèn mundur ngupadi | pawarta dening rêsi | kang samya putus ing kawruh | yèn pikantuk pitêdah | pinaranan radèn kalih | puruhita mangkana salamènira ||

23. nanging raosing wardaya | wêwulange para rêsi | dèrèng wontên gawe lêga | milane rahadèn kalih | lalu ngalaya bumi | jajah wana turut gunung | titaning pangupaya | pruhita tan makantuki | patitising pati têtêsing

--- 94 ---

kasidan ||

24. arêmbag radèn kalihnya | Kakrasana ngandikaris | he yayi mas Narayana | kayapa rasaning ati | panglimbangira yayi | kawruh saking para wiku | apa iya wus kêna | sira arani patitis | rèhing pati pangawruh saking pandhita ||

25. kang padha uwis tinômpa | kang rayi turira aris | mênggah raosing kang manah | wulange kang para rêsi | sadaya têka sami | kewala tan undha-usuk | ingkang mring kasampurnan | myang panêmbah dèrèng dugi | he Udawa kadiparan lamun sira ||

26. manawa ana bedanya | Udawa umatur inggih | raosing tyas dèrèng lêga | mila kalamun suwawi | inggih lampah puniki | prayogi maksiha lalu | anênggih amêmarta | pandhita ingkang linuwih | mrih wulange dados sampating kadibyan ||

27. ngandika Dyan Kakrasana | wis mangkene bae yayi | payo padha rêbut paran | ngupaya wiku linuwih | ubanggi ing sajroning | sawarsa êndi kang antuk | pruhitan wikudibya | iku ngulatana nanging | jujug kene kang rumiyin angantia ||

28. kongsi ing sapraptanira | yayi ingkang têka kari | nadyan antuk lawan nora | yayi sajroning sawarsi | pinasthi angulati | ya ing kene jujugipun | iku aja na cidra | kang rayi sumonggèng kapti | sawusira dadi rêmbage rahadyan ||

29. anulya sewang-sewangan | rêbut paran anuruti | osiking tyasnya priyôngga | Udawa kang dèn tut wuri | Narayana dyan pêkik | mung anggana radèn sêpuh | mangkana Kakrasana | ngalor ngetan purugnèki | tanpa rowang tumindak badan sapata ||

--- 95 ---

30. dene Radèn Narayana | ngidul ngilèn purugnèki | kalawan Jaka Udawa | ing lampah datan winarni | kang cinarita dhingin | Kakrasana lampahipun | suka angayam wana | ing lampahira duk prapti | Ngargasonya kono pandhandhanging karsa ||

26. Dhandhanggula

1. ingkang aran Argasonya nênggih | lambungira ngriku wontên guwa | ing Pringgasonya namane | kalangkung saking singup | pinggir rongkop bondhot nangkêbi | Rahadèn Kakrasana | sapraptaning gunung | Ngargasonya mosik tyasnya | wit tinimbang-timbang ing budi manawi | maksiha ngupawipra ||

2. kadi badhe nênggih nora têbih | lan pangawruhira langkung yogya | mêminta marang dewane | mênèk luntur sihipun | èstu badhe lêga ing galih | yêkti datan kuciwa | kadadyaning pungkur | wusing ngikis tyas mangkana | Kakrasana kèndêl wontên Sunyagiri | karsa ambangun tapa ||

3. wontên jroning guwa kang winuni | nahên ta kang ambating sarira | amangsuli caritane | Narayana sang bagus | lan Udawa lampahe prapti | Argaliman tumingal | sapucuking gunung | katon umancur tejanya | pinarpêkan duk cêlak prastawa kèksi | asramaning pandhita ||

4. wus dinuga lamun wiku luwih | dan rahadèn pakantuk patanyan | ingkang pilênggah ing kene | Padmanaba Sang Wiku | luwih saking samaning rêsi | sampun lingga bathara | Padmanaba Wiku | mumpuni saliring guna | kasup kasutapanira sakridhaning | bawana wus kacupan ||

5. sampun ingkang saosiking janmi | tan wikana nadyan lêlampahan | ingkang dèrèng kalakone | sampun wikan sang wiku | tuhu têrus [têru...]

--- 96 ---

[...s] tingale sidik | Rahadèn Narayana | kalangkung kayungyun | Argaliman ingunggahan | nêdya puruhitèng Padmanaba Rêsi | sapraptaning asrama ||

6. kaparêngan Risang Maha Yêkti | lênggah mungging pacrabakanira | siniwèng para siswane | jêjanggan myang pêputhut | asupênuh andhèr ing ngarsi | mangkana praptanira | Narayana wau | ingawe sang dwijawara | kinèn laju Dyan Narayana mangarsi | sumungkêm ngaraspada ||

7. lungayane tansah ingarasi | sawusira alênggah satata | nunggil jêjanggan lênggahe | Padmanaba gumuyu | angandika mêmalat ati | ing kene Narayana | dèn kaparèng ngayun | kagyat ingkang sinung ujar | dèrèng jarwa ing nama têka udani | tuhu kasdiking tingal ||

8. jroning driya sêngkut Radèn Mantri | matur nêmbah ing ngriki kewala | ngarah punapa karane | prapta kula pukulun | inggih amung arsa nyukêri | ing pangasrama tuwan | sang rêsi angguguk | karênan noraganira | Narayana Sang Rêsi ngandika malih | anggèr ywa lumuh sira ||

9. karantêne darahing asrênggi | aja awor lênggah lan trah sudra | nyudakkên paribawane | sajatine sirèku | sutèng Basudewa kang saking | Badraini sang rêtna | sira kang panggulu | pambarêpe Kakrasana | saking Rêtna MaeraMaerah. putrining aji | Sang Prabu Iratnyaka ||

10. wuragile ramanira putri | tunggil bibi radèn lawan sira | Wara Sumbadra arane | Narayana kumêpyur | duk miyarsa linge sang rêsi | manggung kagagas-gagas | kèh karasèng kalbu | wasana maca udrasa | sarirane tinêtah priyôngga saking | sinungkên Ôntagopa ||

11. mokal lamun kang rama sang aji | yèn tan sandeya angakên putra | mila siningitkên dene |

--- 97 ---

dinalih lingsêmipun | pan mangkana osiking galih | Sang Rêsi Padmanaba | malih alon muwus | radèn apa kang karasa | durung dugi gon ingsun wêwarah nuli | sira abela tômpa ||

12. sinêngguh yèn ramanta sang aji | sandeyèng tyas ngakên putra sira | pan nora mangkono anggèr | kamulane jênêngmu | lan sakadangira prasami | sinungkên Ôntagopa | ramanta sang prabu | mituhu têdahing dewa | rèhning praja ing Madura arsa kêni | cobanirèng jawata ||

13. kênèng lakon kambah ing pawèsthi | awit ana garwane ramanta | Rêtna Maerah namane | iku cinidrèng lulut | dening Gorawôngsa yaksaji | prajèng Gowarataka | Gorawôngsa mau | kawênangan pamanira | Arya Prabu Rukmaka yaksendra mati | pramèswari Maerah ||

14. karsane kang rama dèn patèni | Arya Prabu Rukmaka dinuta | nêlasanêlasi. Maerah kuwe | binêkta mring wana gung | kono nora têgêl matèni | têmah tinilar wana | Merah dangu-dangu | wêtêngane babar priya | kaparêngan arine Gorawôngsaji | aran Suratimôntra ||

15. ing sawadya sumêdya ngulati | Rêtna Maerah utawi arsa | malês ukum ing patine | kadangira wil prabu | marang praja Madura dupi | praptèng doning Maerah | kang ambabar mau | anulya ana brahmana | saking Wukirgoran Suwôngsa Rêsi |Kurang satu suku kata: saking Wukirgora Suwôngsa arêsi. karsa angambil putra ||

16. sutèng Maerah sinungan wangi | Jaka Kôngsa pêparap Maruta | nulya pinondhongan kabèh | marang brahmana mau | sauwise diwasa sami | rêmbag sinowanêna | ramanta sang prabu | lamun tan ingakên putra | tinêmah prang ramanira angakêni | Kôngsa pinutra-putra ||

17. malah jinunjung pangran dipati | nanging sadurunge [sadu...]

--- 98 ---

[...runge] Kôngsa prapta | duk sira maksih rarene | lan sakadangirèku | karsanira Hyang Odipati | kinèn amaringêna | Ôntagopa mau | pratondhanggèr jênêngira | kang rinêksa dening dewa kang linuwih | wasana mêngko Kôngsa ||

18. amiyarsa sajatining warti | yèn Sri Basudewa darbe putra | tiga siningitkên anèng | Widarakandhang dhukuh | Arya Kôngsa karsa angungsir | amurih sirnanira | sakadangirèku | ingkang kinarya dhadhakan | padhukuhan Widarakandhang rinakit | kutha rineka praja ||

19. iku margane Kôngsa angudi | kukum pati sira lan rakanta | rèhning bênêr panyuwune | dadya ramanta prabu | anuruti raja taruni | pratikêle nararya | Prabu Rukmaka mung | balilu kukum kewala | sira lawan kakangira kinèn anis | saking Widarakandhang ||

20. Ôntagopa pinikut kang dadi | liluniralirunira. mêngko Ôntagopa | tinrungku pangadilane | durung tumibèng kukum | angêntèni gone ngupadi | sira lan kakangira | nanging kang angruruh | wus sami winêling uga | amung ulas-ulas dènira ngulati | Rahadèn Narayana ||

21. duk miyarsa dêlinge sang rêsi | rèntèh runtut urusinguruting. carita | têmah cumêplong manahe | wasana radèn matur | wêca tuwan punika inggih | wingking kadi punapa | pun Kôngsa lastantun | amêngku praja Madura | Rêsi Padmanaba angandika aris | lah môngsa lastaria ||

22. benjang sirna dening sira yêkti | rakanira Radèn Kakrasana | kang pinasthi jumênênge | gumanti sang aprabu | nanging mêngko lagya kinardi | lêlakon karsanira | Sang Hyang Nataguru | mrih mêtu prihatinira |

--- 99 ---

angatêngi kasutapanira dhingin | yèn wus antuk nugraha ||

23. kono lagi babaring kadadin | Narayana angungun miyarsa | sang rêsi sidik tingale | durung warah wus wêruh | marma sêngkut amamèt pamrih | matur mêmalat driya | pukulun sang wiku | rèhning kawula punika | lare kogung tanggung punggung langkung saking | dama anistha papa ||

24. mila borong ing Sang Maha Yogi | amêmardi dipun pindha kadya | abdi kaparênga mangke | kawula amêmuthut | ing paduka nadyan adadi | panyêthiking badhiyan | lair batin sampun | narimah nyèkèl kewala | sang arêsi gumuyu wacana manis | iya dhasare sira ||

25. pan wus lama maniranti-anti | ênggon ingsun amêdhar kadibyan | mung kari sapisan kiye | wus karsaning dewa gung | mungguh liring kagunan mami | kang kawasa ngagêma | iya mung sirèku | mara majua sun wêjang | iki aji kawijayan wijayanti | tan ana kang ngagêma ||

26. sagunge kang titahing dewadi | kang kawasa ngagêm ajijaya | yèn wong tanah Jawa kabèh | pan amung wong têtêlu | Rêsi Byasa lan jênêng mami | katrine wara Bisma | Byasa sang awiku | benjang sinungkên kang wayah | pra Pandhawa jênêng ngong lumungsur maring | ing jênêng pêkênira ||

27. wus winêjang Narayana bangkit | liyane kang aji kawijayan | tinumplak sagung gunane | rahadèn sabên dalu | awinisik saliring aji | santikan kaprawiran | pangabaranipun | sadaya sarwa widagda | dyan dinadar tan malendo mratandhani | kawahyon ing gunawan ||

28. tan winarna lamine nèng wukir | liman puruhitèng Padmanaba | dupi wus dumugi mangke | wulangira sang wiku | kongsi têkèng kamuksan [kamuksa...]

--- 100 ---

[...n] nênggih | tan kari Ki Udawa | awinêjang jumbuh | lawan Radèn Narayana | wus tan kalih kasudibyanira sami | mangkana kacarita ||

29. Radèn Narayana ing sawiji | dina nuju kêkaring nèng jaba | ing srama Argalimane | Ki Udawa tut pungkur | Narayana rêrasan aris | Udawa ing samangkya | nèng lêganing kalbu | salawas ngong puruhita | durung kaya wêwêjangane Sang Rêsi | Padmanaba sanyata ||

30. wiku luwih aputus saliring | guna kabèh wêwulange nyata | êndi kang ninanga kabèh | ananging Udawèngsun | têka ana osik tyas mami | upamine anyoba | lan sang maha wiku | arsa ingsun ayonana | ing ayuda mênèk tan ana sor titih | pratôndha têmên dadya ||

31. lamun ingsun kasora ing jurit | tôndha durung dadi sadayanya | kang manira rêgêm kiye | Udawa mèsêm matur | asambawa karsanta yêkti | pundi wontên rahadyan | murit purun guru | mindhak siniku ing dewa | pedah napa guru arsa dèn ayoni | nyoba yudakênaka ||

27. Pangkur

1. Narayana mêsèm mojar | iya bênêr mokal ing karsa mami | nanging parikêdah ingsun | nyoba sang pinandhita | Ki Udawa sangêt-sangêt aturipun | mugi sinayut ing karsa | Narayana nora kêni ||

2. ginondhelan Ki Udawa | kaya dudu karsanira pribadi | anulya sumiwèng ngayun | Rahadèn Narayana | gajêg kanggêg gajêg parikêdah matur | mungga-manggu ing wardaya | dènira arsa nuruti ||

3. Sang Arêsi Padmanaba | nora samar osike rajasiwi | mèsêm pangandikanipun | radèn apa karsanta | dèn [dè...]

--- 101 ---

[...n] pasaja aja sira rangu-rangu | marenggal anggèr tutura | môngsa nora sun turuti ||

4. kang liningan langkung kagyat | osikira wau ragi kalêmpit | yèn sang pandhita atêrus | sidik paningalira | marmanira kalangkung gêgêtunipun | yèn kumbia kawadaka | aminggu matura ajrih ||

5. malih Rêsi Padmanaba | pagenea rahadèn sira kumbi | apa kosêngguh tan wêruh | grênêke atinira | sira arsa mintonkên kasudibyanmu | yun ngayoni jênêng ingwang | mara payo sun kêmbari ||

6. umêtua marang jaba | Narayana gupuh nungkêmi sikil | ature amêlasayun | dhuh sang maha pandhita | ila-ila punapa kawula pangguh | papa cintraka sapira | kang badhe kula lampahi ||

7. kalamun kamipuruna | ing paduka dhasar inggih sayêkti | wontên osike tyas ulun | kang makatên punika | nanging botên pisan-pisana yèn sèstu | ajrih sêsikuning dewa | botên langkung sang ayogi ||

8. kawula nuwun apura | Rêsi Padmanaba mèsêm lingyaris | hèh radèn karsanirèku | pan iya nora kêna | suminggaha wus karsaning jawata gung | yèn kabèh siswa manira | mung siji jênêngirèki ||

9. kang ngayoning dibyaningwang | marma anggèr têkakna tyasirèki | aja sumêlang yèn antuk | sêsikuning jawata | Radèn Narayana langkung rikuhipun | ature mopo kewala | tarlèn mung minta aksami ||

10. wasana pinêksa-pêksa | dening Padmanaba kinèn nuruti | apa ing saosikipun | dupi radèn pinêksa | sêdyanira amung lumaku sadhawuh | parentahe gurunira | tandya [ta...]

--- 102 ---

[...ndya] sami mêdal jawi ||

11. aprang wontên panataran | rame caruk rok rawak silih ungkih | aprang curiga adangu | tan ana kang kuciwa | ingkang kêna sami tan tumamanipun | wus dumugi prang curiga | nulya gantya prang jêmparing ||

12. arame panah-pinanah | tuju-atinuju tan ana silip | sami luwês wasisipun | rikat awase samya | dènira prang jêmparing dangu wus tutug | karo tan ana kuciwa | nuli ganti aprang bindi ||

13. rukêt malih kang ayuda | rêbut corok tan ana nguciwani | tan ana soring apupuh | nulya liru prabawa | mijilakên kasantikan kalihipun | warna-warna kang prabawa | ngênting gêndhinging ajurit ||

14. pur pupug papak kewala | nora nana kasor ungguling jurit | samya maras kang andulu | langkung ing marmanira | mangkana kang yuda salin gêlaripun | sami angabên karosan | adêdêr tarik-tinarik ||

15. ngrukêt sikut sêsêndhalan | Padmanaba kantun kawon taruni | sakêdhik sor rosanipun | tinarik mèh kasêndhal | kabêlêt ing lingsêm sor lan muritipun | dadya bêbangun bramantya | têmah tiwikrama wrêdi ||

16. amêkar sariranira | gêng aluhur yayah pangawak wukir | sarupa Hyang Kalamêrtyu | netra kadya baskara | ajêjatha sêsiyung-siyung kang luhur | mangandhap yayaha kadya | anggaru-garu kang bumi ||

17. sêsiyunge ingkang ngandhap | amanginggil yayah anyôngga langit | wuluning angga sadarum | asarupa kawaca | warna-warna curiga candrasa prasu | cakrastra limpung tomara | parêng swara gêgêtêri ||

18. jumêgur keblat sakawan | kadya guntur ngakasa tangkêp bumi | duk molah sajagat lindhu | moyag-mayig lir goyang | siyat-siyut gênjoting bumi

--- 103 ---

lir bubul | kadgada kang tiwikrama | gra magalak gêgirisi ||

19. gumlêgêr agora sabda | pendah gêlap sasra parêng amuni | mangkana pamuwusipun | ing kene Narayana | lah kêtogên budinira kang satuhu | wau Radèn Narayana | kêkês tyasira sru wiwrin ||

20. ngrêrêpa matur mlasarsa | dhuh pukulun tuhu pêpundhèn mami | kawula anuwun bêndu | amung sumonggèng karsa | sintên yogya ingkang nguntapna pukulun | inggih ing pêjah kawula | patitisna doning pati ||

21. sang rêsi kalane myarsa | langkung wêlas mirut wirodhanèki | tiwikramane kinukut | wus nirmala waluya | kadya nguni-uni Narayana gupuh | sumungkêm angaras pada | ature asêmu tangis ||

22. pukulun pêpundhèn kula | pangandika tuwan ingkang rumiyin | tinapis saliring kawruh | winêjangakên amba | têka taksih wontên prêmati puniku | pambanguning tiwikrama | paran punapa marêngi ||

23. kawula nyuwun winêjang | kadospundi sarekanira bilih | bangun tiwikrama nêngguh | mèsêm sang pinandhita | iya kaki mung kari sawiji iku | sira kang durung sun wêjang | mulane ing mau kaki ||

24. sira ingsun pêksa-pêksa | anêkakna kapti minôngka dadi | sarana gon ingsun nêpsu | têmah bisa banguna | tiwikrama supayane sira jaluk | mêngko sun paringkên uga | yèn sira kaki kadugi ||

25. ingkang dadi bratanira | Narayana umatur tuwan mugi | pajar punapa sadarum | kang dados bratanira | Rêsi Padmanaba muwus bratanipun | nora kêna amangana | dhengah kang tumuwuh bumi ||

26. lawan nora kêna nyandhang | sadhengah kang tumuwuh saking warih | lire kabèh ingkang cukul |

--- 104 ---

srana kasiram tirta | Narayana kaduga ing aturipun | samana sampun winêjang | rèhirèng tiwikramèki ||

27. Narayana wus widagda | langkung suka sokurirèng dewadi | dènnya jinurung sakayun | iku radèn rumasa | lamun punjul ing apapak dibyanipun | mrojol ing akêrêp uga | anggung dènnya ngraras ati ||

28. Mijil

1. lami-lami sang narendra siwi | tuwuh siking batos | yèn sang rêsi tan pêjaha mangke | têmbe ana murit kang kinasih | lir sariranèki | wêjangane jumbuh ||

2. sinung aji tiwikrama wrêdi | têmahe tan seyos | anyênyami mring kaluwihane | gung kagagas rahadèn rudatin | karsa nuwuna mrih | ing kamuksanèku ||

3. langkung ajrih marmane sang pêkik | tyasira wirangrong | kongsi lami radèn antarane | nora sumewaka ing SaSang. Rêsi | Padmanaba nanging | tan samar ing kalbu ||

4. mring osike tyasira sang pêkik | dangu ngantos-antos | Radèn Narayana prasajane | kongsi lalu ing panganti-anti | rèhning sang arêsi | wus waskithèng kalbu ||

5. nora kasamaran ing sakalir | osiking tyas ingong | nadyan kridhaning rat iki kabèh | wus kawêngku mangkana sang rêsi | utusan nimbali | mring dyan narpasunu ||

6. praptèng ngarsa sang rêsi lingnyaris | sutaningsun babo | têka lami tan sumiwèng kene | apa radèn ingkang dadi pikir | narpaputra aris | matur awotsantun ||

7. inggih têmênipun sang ayogi | sru susahing batos | gung kagagas paduka wulange | dupi sampun kawula tampèni | rumaos pun patik | ing jagat pinunjul ||

8. kadi-kadi tan wontên nyamèni | kaluwihan ingong |

--- 105 ---

dêstun inggih amung sadèrènge | jêng paduka mêjang tiyang malih | bilih têmbe wingking | kèh-kèhing wongipun ||

9. puruhita ing tuwan sayêkti | winulang tan seyos | kados kala mulang kula dene | badhe wontên ingkang nyênyamèni | mung punika inggih | kagagas ing kalbu ||

10. parandene ingkang saupami | paduka samêngko | lajêng muksa punika èstune | rêgêmanta tan katrècèt maring | wong liyan anjawi | kawula pukulun ||

11. lah punika kados lumastari | kaluwihan ingong | tuhu tanpa timbang sêsamane | balik tuwan maksih sugêng dadi | raosing kang ati | manggung rangu-rangu ||

12. Rêsi Padmanaba gumuyu ngling | kulup yèn mêngkono | kalingane anjaluk patine | jênêng ingsun muksaa tumuli | Narayana myarsi | sabdane sang wiku ||

13. gupuh dènnya anungkêmi sikil | amuhun gêlolo | mêlasarsa rahadèn ature | sintên kula dhuh sang mahayogi | puruna kadyèki | iba gênging siku ||

14. kathah-kathah dènira mamèt sih | sang rêsi lingnya lon | aja mêlang kaki sajatine | ênggon ingsun tumuwuh mung nganti | panjanmanirèki | Sang Bathara Wisnu ||

15. ingkang ingsun ajap ing salami- | lami martapèngong | mung bisaa nunggil kaanane | Wisnumurti pasthining dewadi | jinurung jêng mami | anunggil sirèku ||

16. bênêr bae sira darbe osik | iya kang mangkono | mara kaki tangia dèn age | payo rêrêmbugan ingkang aris | sira sun turuti | kabèh sakarsamu ||

17. Narayana nulya tata linggih | ulatira cêlom | langkung jrihnya osike kawêlèh | kaucapan sagrênêking ati | Padmanaba Rêsi | pangandikanipun ||

--- 106 ---

18. iki kulup ing wilasa mami | pêpundhênênpêpundhènên. yêktos | sêkar jayakusuma arane | panguriping wong sabumi iki | kang durung pinasthi | dewa pêjahipun ||

19. sira ungkulana pasthi urip | sawabe mêngkono | sêkar jayakusumèki anggèr | dunungêna ing têtopong kaki | lawan manèh iki | manira duwe hru ||

20. Awikunta cakra arannèki | pangruwating mungsoh | ingkang murkangkara candhalane | lêbur dening sanjata cakrèki | tan ana wong sakti | miwah têguh timbul ||

21. pasthi pêjah dening cakra kaki | satêmêne ingong | amung gadhuh kewala karone | kagêngan Sang Suman Wisnumurti | môngka wus manjanmi | kulup mring sirèku ||

22. upamane jênêng ingsun nyilih | ngulihkên samêngko | marang sira wus tan mêling manèh | nuli ingsun untapênèng pati | supaya anunggil | kaanan lan Wisnu ||

23. wus sêdhênge kang môngsakalèki | nora kêna mopo | kudu sira kang mulyakna anggèr | sampurnane ragèngsun puniki | tarlèn sing sirèki | wêlasana ingsun ||

24. Narayana trênyuh tyasnya rujit | pinêksa mung mopo | lênggah atumungkul rawat luhe | astanira anênurat siti | Padmanaba Rêsi | waskitha ing sêmu ||

25. lamun Narayana wrating galih | tandya lingira lon | lah cobanên paran pamusthine | kang sanjata cakra iku kaki | supayane wingking | angayatan kidhung ||

26. Radèn Narayana anuruti | cakra ngayap gupoh | sang arêsi kêbat panubruke | kang cakra pinênêr kulung ati | kawatgata mijil | rahira umancur ||

27. sumamburat bang niba sang rêsi | kagyat sang wiranom | dinudud kang sanjata cakrane | Padmanaba wus anata pati | kinukut patitis |

--- 107 ---

anggaotanipun ||

28. Narayana nangis anungkêmi | padanira karo | kathah-kathah lir wadon sambate | mêlasasih sang rêsi lingyaris | adhuh aja nangis | sira putraningsun ||

29. lawan aja sumêlang ing galih | wruhanira babo | ingsun nunggal sira kaanane | ananira ananingsun yêkti | uripira kaki | iya urip ingsun ||

30. kewala sun amêling sirèki | ing sapungkur ingong | sêsiliha aran sira anggèr | Padmanaba benjang madêg aji | anèng Dwarawati | ywa nilar ran ingsun ||

31. kasêbuta Padmanaba Aji | supayane dados | ing pêpeling wuri tan kalalèn | wusnya mêling Padmanaba Rêsi | narik jaman pati | sakala kalimput ||

32. dening cahya anggaotanèki | umancur mancorong | amranani ing sajagat kabèh | dangu-dangu kang cahya sayalit | umancur mung kari | sasada gêngipun ||

33. nulya cahya umayat dyan pêkik | umanjing wus awor | tuhu nunggil Wisnu kaanane | kaparêngan gara-gara prapti | sirnaning cahyaki | nèng swara jumêgur ||

34. keblat catur gêtêr parêng muni | kocak samodra rob | lindhu dhêdhêt gumênjot jagate | riwis-riwis udan angariris | lumrang gôndawangi | kasmaran kang dulu ||

29. Asmaradana

1. kacarita radèn pêkik | wusnya sang rêsi manuksma | mring kang sarira têmahe | tyasira sinung pranawa | waskithèng saniskara | tan samar sakridhanipun | ing sajagat pramudita ||

2. aja kang osiking janmi | radèn yèn kasamarana | lêlakon kang wus kalakon | tuwin kang durung kalakyan | tuhu sampun uninga | lêga tyasira sang bagus | sru suka sokuring dewa ||

3. ngandika

--- 108 ---

marang kang abdi | hèh Udawa ing samangkya | wus lêga bangêt tyas ingong | rumasa nora kuciwa | wulange sang pandhita | apa manèh kang rinuru | lah payo ngupa kewala ||

4. dununge kangmas nèng ngêndi | dahat sandeyaning manah | Udawa ature alon | sumôngga anut sakarsa | nulya parêng budhalan | amit lan para manguyu | pêputhut miwah jêjanggan ||

5. sarta mêling mrih lêstari | rumêksesramarga liman | wusnya têlas pitungkase | Dyan Narayana Udawa | linggar saking patapan | ingkang sinêdya ing kayun | ngupaya Dyan Kakrasana ||

6. èngêt ubayane nguni | nalika arêbut paran | karo wus lêpas lampahe | datan winarna ing marga | gantya ingkang kocapa | ingkang amartapèng gunung | sira Radèn Kakrasana ||

7. wontên Girisunya nênggih | langkung pinati raganya | nora dhahar nora sare | minggu nora obah molah | mêlêng kang piniluta | kang linêkêtakên namung | wosing kang wahyu dyatmika ||

8. sruning karsa têmah bangkit | amêpêt kang pôncadriya | pinuntu budine dados | tan samar dununging sêmbah | lawan ingkang sinêmbah | nora liya Sang Hyang Guru | ingugêr têlênging driya ||

9. wus antara laminèki | dènnya mindêng pujabrata | tan keguh ginuntur dene | dahana myang guntur toya | maruta samaneka | rahadèn santosèng kalbu | samangkana kacarita ||

10. Sang Hyang Brama anêdhaki | jumênêng nèng ngarsanira | Dyan Kakrasana dêlinge | mara kulup prastawakna | iyèngsun Sang Hyang Brama | Kakrasana awas dulu | lamun katêdhakan dewa ||

11. sigra dènira ngabêkti | katarima Sang Hyang Brama | malih alon andikane | kaki praptèng sun angêmban |

--- 109 ---

iya timbalanira | Hyang Giriraja amasung | nugraha mring jênêngira ||

12. wus kaparêng ingkang dadi | kajatira ingkang sarta | sira kapatêdhan anggèr | kang aji guna kaskaya | luwih kawijayanta | têguh wus tan ana kulup | braja ingkang nêdhasana ||

13. sarta sira nora kêni | kasayahan ing ayuda | iya iku ing sawabe | kang aji guna kaskaya | têguh tan kêna sayah | lan Hyang Giriraja masung | kanang sanjata nênggala ||

14. anggonên kunta ing jurit | panglêburing kalamurka | tan ana satru saktine | aja kang jênêng manungsa | katiban ing nênggala | nadyan jagat iki lêbur | ampuh sanjata nênggala ||

15. mara tampanana kaki | Sang Hyang Brama musus asta | mêdal saking èpèk-èpèk | sarupa cahya akadya | angkus sampun katampan | cahya ingkang pindha angkus | manjing astèng Kakrasana ||

16. langkung nuwun turirèki | Hyang Brama malih ngandika | Sang Hyang Guru timbalane | saluwarira sing tapa | kaki lajêng kewala | ningalana adu-adu | marang nagara Madura ||

17. Hyang Brama wasana angling | awêwarah jatinira | yèn Kakrasana putrane | Basudewa ing Madura | saliring lêlampahan | sampun sinojar sadarum | ngungun Radèn Kakrasana ||

18. nalikanira miyarsi | panjêlire Sang Hyang Brama | sojar saliring lêlakon | lagya mangêrti ing driya | yèn putrèng Basudewa | grahitanira ing dangu | amung sutèng Ôntagopa ||

19. têmah tyasnya katêtangi | kadgada mahambêg sura | nêdya umèstu dhawuhe | ing Sang Hyang Bathara Brama | Hyang Brama wusnya têlas | wêwêlinge muksa sampun | Kakrasana

--- 110 ---

karyanggana ||

20. garjita sang narpasiwi | sumêdya dhingin ngupaya | kadang nguni ubayane | arsa dèn jak ningalana | adu-adu manungsa | mring Madura linggar sampun | saking ing patapanira ||

21. lampahe datan winarni | jujug nguni ubayanya | têngah wana wulusane | samana sampun kapanggya | ari miwah Udawa | Kakrasana gupuh ngrangkul | mring ari Dyan Narayana ||

22. nêkakkên onênging galih | kang rayi sru tinangisan | kathah karaos galihe | wit wêcanira Hyang Brama | punika kang rinasa | Kakrasana lingira rum | apan maksiha karuna ||

23. bage yayi mas sirèki | sokur katêmu raharja | apa sira antuk gawe | kang rayi mèsêm tur sêmbah | kakang lampah kawula | inggih ing sapurug-purug | pruhitèng para pandhita ||

24. tan pae lan nguni-uni | nuju angsal puruhitan | pandhita ragi kinaot | aran Rêsi Padmanaba | dèrèng dugyantuk wulang | kasêlak sang rêsi surut | punika kangmas kawula ||

25. mupus narima ing batin | kêdah aluwih punika | yèn pêsthine botên kaot | têmah jedok tan tumêka | kawruh ingkang sanyata | mila narima ing pandum | layake botên apadha ||

26. lan jêng paduka sayêkti | dhuh kangmas mujur kawula | sakêdhik nêmpil bêjane | kang raka kagyat miyarsa | lah yayi bêja apa | iya ingkang sira jaluk | kang rayi alon turira ||

27. sintên ta ingkang winisik | ing aji guna kaskaya | kang raka jumbul dêlinge | pagene sira uninga | sapa ingkang wêwarta | kang rayi ature guguk | Hyang Brama ngatên kakang mas ||

28. Kakrasana ngungun myarsi | kang rayi [ra...]

--- 111 ---

[...yi] jinêngkang-jêngkang | hèh pagene yayi kowe | uninga sapa kang mêca | yayi sokur kewala | yèn wus waskitha ing kalbu | kang rayi lon aturira ||

29. dhuh kakang mas sintên mami | kalamun kumaspadaa | nênggih sayêktine anèh | kalamun parêng ing karsa | kula ngampil sanjata | nênggala badhe ngong ayun | munah satru kalamurka ||

30. kang raka guguk lingnyaris | ora kayaa yèn bocah | yayi Narayana kowe | kabèh-kabèh sira batang | têka ujar sêmonan | mêngko mêtu kumakimu | mawiku-wiku utama ||

31. iya sokur bae yayi | aduwea kawaspadan | ing benjang kewala mênèk | ingsun kaelang-elangan | ana kang tinakonan | Narayana sru gumuyu | bilah lir putra Madura ||

32. nganggo kaelangan benjing | wong papa tan duwe brana | panganggêpe lir wong sugèh | kalamun kula dadosa | Rajaputra Madura | gih pantês rêrasan lamun | badhe kaelangan brana ||

33. saya ngungune kapati | Dyan Kakrasana miyarsa | ingkang rayi pasêmone | wasana tanya tuhunya | kang rayi tur pasaja | saliring lampahanipun | nalikanira pruhita ||

34. marang Padmanaba Rêsi | ing purwa madya wasana | sampun katur sadayane | kang raka suka miyarsa | aganti cêcarita | dènira martopèngmartapèng. gunung | wontên guwa Girisunya ||

35. ing purwa wasana ngênting | dyan karo samya asuka | langkung sokur ing dewane | puwara rêmbage arsa | marang praja Madura | aningali adu-adu | gambuh wêwêlinging dewa ||

30. Gambuh

1. parêng

--- 112 ---

pangkat katêlu | Kakrasana Narayana nêngguh | Ki Udawa nora têbih anèng wuri | wus alêpas lampahipun | nêdya kondur marang dhukoh ||

2. Widarakandhang ayun | ngampiri kang rayi karsanipun | Rêtna Wara Sumbadra sigêgên ganti | cinarita lampahipun | Ugrasena sang wiranom ||

3. ing Ngastina wus rawuh | jujug kapatihan nuli katur | marang Prabu Drêstharata sarta kerit | dening risang mantringayun | linantarkên marêg katong ||

4. praptaning jro kadhatun | pinanggihan Drêstharata Prabu | Ugrasena lênggah satatèng ngarsaji | sampun sinambramèng wuwus | Ugrasena awotsinom ||

5. matur mêmalat kayun | mênggah sowan kawula pukulun | tur uninga Madura kambah pawèsthi | wit saking pamothahipun | Kôngsa nuwun idi katong ||

6. yun ngabên-abên sawung | nging punika kang kinarya sawung | wil punggawa Suratimôntra kang nami | sinarah mêmungsuhipun | punika satêmah dados ||

7. sungkawaning tyasipun | kakang prabu ngrasa inanipun | dènira ing Madura sêpên wong sakti | mila kalamun panuju | pun kakang nuwun binanton ||

8. kenginga kangge sawung | pintên banggi nirnaknèng pakewuh | sintên malih inggih kang dipun tangisi | anjawi jêng sang aulun | Sri Drêstharata lingnya lon ||

9. aywa sumêlang kayun | yayi iya ingsun kang katêmpuh | anirnakna kewuhe kakangiraji | hèh yayi Suman dèn gupuh | timbalana putraningong ||

10. ya kewala sadarum | Arya Suman sandika gya mundur | saking ngarsa nata nora dangu prapti | ngirit para rajasunu | mangarsa Sang Prabu Anom ||

11. Suyudana ing ngayun | Sri Narendra Drêstharata muwus | babo putraningsun ki raja taruni | marma sira sakadangmu | sun timbali ngarsaningong ||

12. kaki [ka...]

--- 113 ---

[...ki] sira sun tuduh | têtulunga mring Madura kulup | yayi Basudewa kambah ing pawèsthi | sadaya sampun tinutur | wose kang dadi pakewoh ||

13. kang putra aturipun | asandika kadange tinantun | pra Kurawa sadaya anyandikani | wusnya mangkana sang prabu | mring Ugrasena lingnya lon ||

14. wis yayi mara gupuh | putranira pra Kurawa satus | gawanên mring Madura adunên benjing | lan Si Kôngsa sawungipun | kang liningan awotsinom ||

15. sandika botên langkung | nuwun idi unggula ing kewuh | prabu manggut Ugrasena wusnya amit | lan pra Kurawa gya mundur | sing pura lajêng kemawon ||

16. lampahira sinêru | tan winarna Madura wus rawuh | pra Kurawa sinungga-sungga sinung sih | sinarah sasukanipun | unggula kinarya jago ||

17. sigêgên ingkang manggung | nungku suka gantya kang winuwus | lampahira Arya Rukmaka anênggih | murang marga turut gunung | madik wong kênèng jinago ||

18. lampahira kalantur | kèh patapan ngampiran nênuwun | têdah para wiku pan dèrèng sawiji | kang bangkit atur pitulung | marmane langkung wirangrong ||

19. Rukmaka Arya Prabu | kongsi pêgêl panggalih pinuntu | ngikis budi mêmintèng marang dewadi | yèn botên antuk pitulung | jalma kang kêna jinago ||

20. suka lajêng alampus | samangkana antuk parmanipun | ing dewata radèn kawasitèng ratri | kinèn aminta pitulung | mring rêsi ran Brahmana om ||

21. Ngantalagati dhukuh | arya prabu suka tyasnya laju | alumampah ring srama Ngantalagati | cinêndhak lampahe rawuh | lan sang rêsi wus kapanggoh ||

22. ngênting pahargyanipun | brahmana om karênan ing kalbu | mring têtami sang arya prabu turnèki | noraga mêmalat kayun |

--- 114 ---

pukulun sang brahmana om ||

23. têmêne lampah ulun | anglampahi ing pakaryanipun | Kakang Prabu Basudewa kèn ngupadi | janma kenging karya sawung | arsa dèn abên ing pupoh ||

24. lawan wil sudibyanung | sawungipun Kôngsa Arya Prabu | ingkang nami Suratimôntra anênggih | wangsiting dewa pukulun | mung jênêng andika yêktos ||

25. kang sagêt sung pitulung | brahmana om gumuyu angguguk | saking nora kasamaran ing panggalih | sakridhaning rat sadarum | sampun kacupaning batos ||

26. noraga aturipun | inggih anggèr pintên bangginipun | cantrik kula kewala salah sawiji | sagah kinarya sêsawung | sagêt ngêntasi pakewoh ||

27. nging dhingin dipun tantun | lamun sampun mêdal sagahipun | kula amung nyumanggakakên sakapti | lah punika tiyangipun | kang badhe ngong turkên jago ||

28. nanging kuciwèng sêmu | dhoso wêlu kawongan ing gunung | botên wagêt micara atatakrami | dipun gêng aksamanipun | mring wong kang binadhe jago ||

29. nirnakna saru siku | Arya Prabu Rukmaka sumaur | inggih paman anggêre sagêt ngentasi | suwawi andika tantun | mupung mocung sami panggoh ||

31. Pocung

1. sang awiku alon ing pamuwusipun | he sira Birawa | lamun sêmbada ing kapti | anggèr sira pinundhut ing gustinira ||

2. Sang Aprabu Madura arsa dèn adu | dadia sarana | sinau munah pawèsthi | atêtulung ngilangêna kasusahan ||

3. Birawa sru saurira sakarêpmu | angrèh raganingwang | sanadyan têkaning pati | iya bae lumaku satêdahira ||

4. sang awiku lêga tyasira duk ngrungu | saure

--- 115 ---

Birawa | lêgawa tumêkèng pati | parêmbeyan rinangkul sarwi ngarasan ||

5. bage kulup sèwu suka sokur ingsun | jêngira lêgawa | sêmbada lan puji mami | lah wus mara miringa ing gustinira ||

6. dèn mituhu aja sawala ing kayun | manggut Sang Birawa | brahmana om turira ris | lah sumôngga sampun mituhu punika ||

7. arya prabu langkung trustha dupyandulu | mring Wasi Birawa | ngêngrêng sêrênge mêdèni | gêng aluhur rowa birawa sêmbada ||

8. layak patut angentasana ing kewuh | tangguhe tan inang | arya prabu nulya amit | mring sang maha pandhita jinurung karsa ||

9. arya prabu sasmita mring Birawèku | pinurih miringa | Birawa nanggapi liring | nulya amit ring kadang myang ibunira ||

10. myang Sang Wiku Wasi Birawa turipun | hèh sang pinandhita | wus lilanana wak mami | amit pêjah jurungên puja kewala ||

11. sang awiku gumuyu sarwi amêngkul | anggèr aja sira | nyêngguh anuduh mrih pati | amung murih pintêr kaki jênêngira ||

12. iya ingsun jurung puja ring rahayu | sapêngkêrmu uga | sun rowangi tajin bukti | miwah nendra sun sangoni puja brata ||

13. mung sirèku bangkita amberat kewuh | wusira mangkana | Wasi Birawa turnèki | hèh kadange narendra di ing Madura ||

14. ngong nênuwun lakumu dhingina gupuh | ngong wuri kewala | mêngko pasthi anututi | arya prabu suka anulya budhalan ||

15. wêlingipun Birawa kinèn anjujug | ing pawismanira | sampun dèn ancêr-ancêri | duk dinuga dyan arya prabu wus têbah ||

16. lampahipun Birawa kadgada cancut | gumrêgut umangkat | lumumpat ambêbênêri | wus binatêg ungkal bênêr ajinira ||

17. asumêmprung mawa prabawangin [prabawangi...]

--- 116 ---

[...n] musus | mêsês asasaran | kang pôncawora rèh tarik | kang tinêrak rata têmah ara-ara ||

18. kayu-kayu kathah rêbah kabarubuh | prabawa Birawa | tuhu kasih ing dewadi | tan winarna ing lampahira nèng marga ||

19. sampun rawuh ing Madura arya prabu | wau pêparêngan | nora salenca ing wanci | Ki Birawa nulya kinèn arêrêpa ||

20. dalêmipun priyôngga dyan arya prabu | sru sinungga-sungga | dyan arya prabu tur uning | lan raka Sang Sri Narendra Basudewa ||

21. lamun sampun antuk sawung kang gêgêdhug | Prabu Basudewa | langkung sukanirèng galih | lajêng dhawuh mring putra prabu taruna ||

22. paman karo wus sami sadhiyèng sawung | benjang ri punapa | dènira du-adu janmi | duta nata apan sampun winangsulan ||

23. Soma ngayun sadhiyan sadayanipun | lajêng dèn wêdalna | kalangan samya rinukti | ing pêpasrèn pindha rakiting pajangan ||

24. sarta sinung têtuwuhan sri dinulu | pagêring kalangan | ingawêran janur kuning | panggung paju sakawan lèr kilèn wetan ||

25. miwah kidul sami binuntal binangun | linalangse sutra | linungsir sêkaran rukmi | myang pakaja nila widuri kumala ||

26. dangu lamun winuwus rinênggèng kidung | pasrèning kalangan | mangkana dugining ari | kang pinilih pan sami anjingga mudha ||

32. Durma

1. wusnya sangkêp uparêngganing kalangan | wuwusên wong sanagri | Madura kang myarsa | pawarta orêg samya | parikudu aningali | darpaning driya | mring adu-adu jalmi ||

2. dadya dulur jalma desa pawukiran | kang lampahan saari | tri ari pat dina | kèh prapta yun uninga | tuwa anom jalu èstri | praja Madura | kèbêkan wong ningali ||

3. dina-dina dulur sêlur wong kang prapta | kunêng wong

--- 117 ---

wukir-wukir | gantya kawuwusa | lampahe Kakrasana | myang Narayana wus prapti | Widarakandhang | anjujug dalêm panti ||

4. radèn kalih alênggah bale watangan | gupuh Nikèn Sagopi | Radèn Kakrasana | pinêngkul tinangisan | Lara Irêng mungging wuri | ngrangkul pêngkêran | sinungkêman ing rai ||

5. sami lara-lara dènira karuna | nulya Radèn Pamadi | parpat Bagong Sêmar | wus lungguh anèng ngarsa | wau ta Nikèn Sagopi | dènnya karuna | kasok mèpuning galih ||

6. sarwi awêwarah saliring lampahan | miwiti amêkasi | putra ro miyarsa | langkung ngunguning driya | ngrêsing tyas kagagas dening | Ki Ôntagopa | tinrungku ing nagari ||

7. katêmahan radèn kalih rawat waspa | ketang wêlasing galih | ing wong tuwa kêna | lakon dadya lêlaran | ginagas-gagas ing galih | wasananira | tyasira katêtangi ||

8. rèh ardaya dadya mêdal wirodhannya | Kakrasana sru runtik | netra angantirah | jaja bang winga-winga | sêrêng wuwuse awêngis | hèh Narayana | kayapa sira yayi ||

9. rasaning tyas miyarsa biyuha warta | aja mênêng sirèki | baya tan wêlasa | wong tuwa nêmu papa | sangsayarsa nêmu pati | tur siya-siya | apa nora prayogi ||

10. rinêbuta nadyan rêrêmpon ing yuda | mêmêngsahan nagari | yayi ingsun têmah | kang rayi aturira | kangmas mangke dipun ririh | rekaning karsa | sampun ge-age runtik ||

11. tiyang ingkang gêdhag-gêdhig tilar nalar | luwange tan prayogi | badhe katladugan | punapa tan èngêta | wasitaning dewa nguni | jênêng paduka | tan kinèn mêngsah nagri ||

12. amung kinèn ningali du-adu jalma | lawan pun bapa inggih | pan dèrèng

--- 118 ---

kantênan | katrap ing kukum pêjah | kang raka dupi miyarsi | èngêt sakala | dadyardanira lilih ||

13. kèndêl mangu tumungkul malih udrasa | kathah kraosing galih | Radèn Narayana | mèsêm-mèsêm turira | dhuh kangmas sintên puniki | têtiyang priya | taruna tur apêkik ||

14. dèrèng tate srawungan kula myang tuwan | têka wontên ing ngriki | jêr adarbe rara | kênya tinunggu jaka | nadyan Lara Irêng maksih | jêbêng tapihnya | napa tan mêjanani ||

15. adene pun biyung têka inggih rila | wong punika nênggani | Radèn Kakrasana | larut wirodhanira | arêsêp tyasnya ningali | mring Wrêhatnala | andikanira aris ||

16. layak yayi iku kang tinutur mana | mring si biyung Sagopi | wêwarta kalanya | binujung wadya ditya | wong iku ingkang nulungi | Dyan Narayana | mèsêm umatur malih ||

17. nanging jatinira sampun datan samar | mring Wrêhatnala yêkti | yèn kadang nak-sanak | dhuh kangmas kadangua | punapa karsane ugi | talatèn nêngga | rekane jagawèsthi ||

18. tyas kawula botên ngandêl botên duga | dhatêng tiyang puniki | Radèn Kakrasana | alon andikanira | adhi kula nilakrami | sintên sinambat | pundi pinôngka wingking ||

19. lawan paran ingkang sinêdya ing driya | Wrêhatnala wus dugi | yèn iku kang raka | nak-sanak kang winêca | kang eyang Byasa ing nguni | alon turira | noraga mêmalatsih ||

20. inggih ingkang sotah amastani kula | Wrêhatnala ran mami | ngumbara datanpa | pinôngka kawlasarsa | ing sêdya mung mitulungi | dadya kanthinya | sangsarane Sagopi ||

33. Kinanthi

1. sasolah tingkahe katur | dènnya mitulungi nguni | kongsi tumêkèng samangkya | karsane

--- 119 ---

anjaga wèsthi | mênèk malih winangsulan | ing duta wadya rasêksi ||

2. Kakrasana duk angrungu | Wrêhatnala turirèki | kasok tyasira mangkana | Wrêhatnala dèn prêpêki | rinangkul sarwi ngandika | inggih sokur bage adhi ||

3. dene jêngandika kasdu | têtulung wong kawlasasih | rumasa manah kawula | botên darbe kadang adhi | aliya jênêng andika | manjing dadi kulit daging ||

4. lan malih prasêtyaningsun | benjang kalapa pribadi | kadang ngong wadon punika | mangke dèn sarèh rumiyin | gampil lamun wus diwasa | adhi minôngkaa dadi ||

5. panyaure utang ingsun | mring andika jêr si adhi | bêbasanipun apotang | umur anênambak pati | marmane inggih punapa | kang kula walêsna adhi ||

6. Dyan Narayana sumambung | he kangmas mangke rumiyin | têka gampilan kewala | ing rêmbag botên sinaring | sasat sasoroh punika | enake ingkang nampèni ||

7. ing prasêtya kang kadyèku | lan malih mêsguling galih | dèrèng cêtha dèrèng prênah | wus rumakêt basa adhi | tumrêcêp adhi sakêcap | inggih punapa ing galih ||

8. sampun wontên rasanipun | kalamun tiyang puniki | nèng talêr-talêring kadang | misan miwah ngaping kalih | manah kula langkung ewa | utawi langkung anggêni ||

9. Kakrasana sauripun | yayi rasane kang ati | datan beda lawan sira | dene bab têtalêr yayi | êmbuh ingsun tan uninga | nging ngong anggêp kadang yêkti ||

10. tan lair panganggêp ingsun | ing batin wus rêsêp yayi | lan tan ngong beda lan sira | mungguh rasaning tyas mami | Dyan Narayana ngandika | mring Wrêhatnala amanis ||

11. hèh têtakon sun wong bagus | dèn pasaja aywa kumbi |

--- 120 ---

sirèku putrane sapa | Wrêhatnala awotsari | lawan tumungkul kewala | sarwi waspanira mijil ||

12. lir turasan wêtuning luh | kontra awratirèng galih | nulya Kyai Badranaya | kang nauri matur aris | andika puniku radyan | têka nênangi panggalih ||

13. kang sawêg anandhang giyuh | rèh kadangu pinrih jati | ri tuwan awrat matura | kewala dados jêng mami | ingkang umatur pasaja | asalsilahe kang rayi ||

14. punika putrane Pandhu | Dewanata Ngastinaji | patutan saking kusuma | Kunthi putri Madurèki | kadang Prabu Basudewa | putra Kunthiboja Aji ||

15. patutan lan Prabu Pandhu | têtiga ingkang pangarsi | aran Radèn Puntadewa | panggulu Sena kang nami | punika wuragilira | Kunthi Naribrôngta Dèwi ||

16. dados lawan putranipun | Sri Basudewa kapanggih | ing petang kadang nak-sanak | Narayana gumuyu ngling | yèn mangkono kakang Sêmar | lawan wong ingkang winangsit ||

17. dening Hyang Brama ing dangu | kalane nèng Sunyagiri | kaprênah kadang nak-sanak | ringnging. sêpuh ingkang winangsit | Kakrasana angujiwat | kang rayi dipun pleroki ||

18. cinawowo lathinipun | basaknea lamun muni | cangkême Si Narayana | bangêt gone jêlir-jêlir | lah marana tèmpèlira | mau gonku basa adhi ||

19. he Wrêhatnala riningsun | ngong jabêl kramèng ngong yayi | adeneku nora ilang | yayi gonira nulungi | mring kakangira priyôngga | hèh Lara Irêng ri mami ||

20. bagèkna arimu iku | ing krama ingkang prayogi | jêr marang kadang priyôngga | ngarah apa ari mami | kang liningan ragi awrat | pinêksa-pêksa sang dèwi ||

--- 121 ---

21. marang raka kalihipun | pijêr tumungkul tan angling | anyipta rikuh kewala | ginuyu ing raka kalih | nyat umadêg sang lir rêtna | sintruning netra kaèksi ||

22. lajêng malbèng wismèng pungkur | asru panangkêping kori | sira Kandhiwrêhatnala | ngliring nglut kalane laris | kang raka karo iriban | sami suka angèsêmi ||

23. Narayana megos muwus | ya ta lah Wratnala yayi | kaur-kaurmu umulat | ring wong mlaku ujêr maksih | nangis luhe daleweran | bisa nyambi balang liring ||

24. dayaa yèn bisa pagut | Kakrasana angèsêmi | kang rinasan meranging tyas | kacêthikan olah liring | tumungkul sih rawat waspa | Kakrasana ngandika ris ||

25. kakang Sêmar têtanyèngsun | mangke padha anèng ngêndi | kadang manira Pandhawa | Lurah Sêmar anauri | ing purwa madya wasana | sadaya kaatur sami ||

26. kang miyarsa langkung ngungun | Kakrasana nabda malih | mring kang rayi Narayana | hèh yayi paran ing kapti | dene gêtêring nagara | Madura du-adu janmi ||

27. dina iki pacakipun | apa sida aningali | Narayana aturira | inggih sumôngga ningali | matur Kandhiwrêhatnala | kawula inggih umiring ||

28. kang raka kalih umanggut | wau kang anèng jro panti | agêpah dènira mêdal | kang raka dipun sungkêmi | kakang aku lumuh pisah | mring êndi-êndi umiring ||

29. kapok ingkang uwus-uwus | sun pijêr sira apusi | padha bangkit nilapêna | aku nora bisa kari | kang raka gumuyu nabda | paranta jêr sira èstri ||

30. mèlu sapuruging kakung | yêktine nora prayogi | lan manèhe yayi ingwang | mapan arsa aningali | du-adu janma mring praja | iku kèh bêbaya yayi ||

31. yogya kewala akantun |

--- 122 ---

mung mêlinga bae yayi | minta olèh-olèh apa | yayi manira turuti | Dyah Sumbadra aturira | sungkan gêmang ingsun kari ||

32. kakang lamun sira lumuh | iya manira tut wuri | pira larane wong pêjah | yêkti ingsun suduk dhiri | Dyan Narayana anyêntak | hèh bocah apa sirèki ||

33. kumini kalangkung-langkung | wong nonton du-adu janmi | iku pasthi kèh bêbaya | têka sirarsa tut wuri | pae lamun palancongan | sakarsanira umiring ||

34. yèn iki aja sirèku | jêr sira rupaning èstri | yèn ana payo-payoa | kayapa polahirèki | arsa gawe sèwu susah | kang rayi wus nora kêni ||

35. dèn rih-irih dèn luk-êluk | sêdyane kudu umiring | Sagopi kang mêmiluta | nging sang dyah wus nora kêni | gêgêndhil gendholi raka | Kakrasana wlas ing galih ||

36. netra kaca-kaca muwus | iya uwis yayi uwis | arsa mèlu ya mèlua | anggêre aja anangis | wis biyung Sagopi sira | karia atunggu panti ||

37. sutamu tan kênèng êluk | sêdyane kudu umiring | biyung têka tegakêna | wis payo pangkat saiki | kang rayi ginondhongginendhong. sigra | sang anom parêng lumaris ||

34. Sinom

1. sampun lêpas lampahira | sira narpaputra kalih | Kakrasana Narayana | katri Lara Irêng tuwin | Wrêhatnala tan kari | saparpate kalihipun | miwah Jaka Udawa | Widarakandhang kawuri | kunêng ingkang lumaku agêgêlakan ||

2. kocapa praja Madura | praptaning ri Soma enjing | Sang Aprabu Basudewa | sampun amiyos ningali | lênggah panggung kang mungging | kidul ngarsèng sitiluhur | saupacaranira | panggung lèr ingkang nglênggahi | Arya Prabu Kôngsa saupacaranya ||

3. ngandhap panggung wadya ditya | kêrigan tan ana kari | sawiji sagung wil bala |

--- 123 ---

sangkêp sikêp ing ajurit | panggung kang wetan nênggih | Rukmaka Sang Arya Prabu | saupacaranira | jago Ki Birawa Wasi | nora têbah lan Arya Prabu Rukmaka ||

4. panggung kilèn linênggahan | Arya Ugrasena nênggih | saupacarane raras | kawot sêsawungirèki | para Kurawa sami | ginala-gala akewuh | kalangan têpung gêlang | binarisan ing wadyaji | ingkang êlèr barisan ing kadipatyan ||

5. ing wuri rintip arantap | atup gêbèl wong ningali | jalwèstri uyêl-uyêlan | bacira kèbêkan janmi | wau ta kang winarni | panggung kadipatèn sampun | mijilkên sawungira | wira Suratimôntrèki | mudhun saking panggung ginarbêg ing wadya ||

6. binarung ing kalasôngka | gamêlan munya sênggani | Suratimôntra akiprah | abêksa samargi-margi | praptèng papan sru angling | hèh payo sapa kang manggut | ing kene papagêna | iki sawung kadipatin | môndraguna kalokèng sujana priya ||

7. yèn wira Suratimôntra | kêrtarta sudibyèng jurit | wau Arya Ugrasena | matag Kurawa pinurih | inggal mudhun nandhingi | kang sinung parentah gupuh | Si Radyan Kartamarma | mawa lugora ngajrihi | mudhun saking panggung praptaning bacira ||

8. nênggih papaning ayuda | sampun yun-ayunan kalih | Suratimôntra aberag | kathuwêl bêksani gêndhing | kaduk wagu amiwir | asta maju migut-migut | sarwi agora sabda | hèh jago sapa wêwangi | angakua kewala mupung sih gêsang ||

9. nauri Dyan Kartamarma | hèh ditya kang ambêg sakti | sun rajaputra Ngastina | Kartamarma aran mami | ywa katungkul sirèki | girang-girang agumuyu | mara wulatên apa | kang anèng ing asta mami | kaya iki kang nguntapnèng pêjahira ||

10. nauri Suratimôntra |

--- 124 ---

iya tibakêna bêcik | sun tadhahane ing jaja | kaya tan cuwa sirèki | prang tandhing lawan mami | Dyan Kartamarma agupuh | amupuh alugora | gumadhug dipun tadhahi | dhadha sruning pamukul kuwating tadhah ||

11. kumêbul mijil dahana | pamalunira tinitir | wêntala datan tumama | kang pinalu eca ngibing | mungkur miwah amiring | tita kang palu-palupuh | Rahadèn Kartamarma | kumrut krudhane mawêrdi | buwang alugora karsane rumupak ||

12. lingsêm sinurak ing kathah | kanan kering balêbêgi | kadya guntur ing akasa | rug tumangkêp marang bumi | Kartamarma anarik | astaning ditya adêkung- | dinêkung sru dêdêran | midêr ing papan kang jurit | Kartamarma samana tinarik kêna ||

13. sinêndhal sampun akontal | ingundha-undha kumitir | gya binanting sru kalênggak | kongsi dangu kantyèng siti | sinurak kang wadya wil | rame gumêrah binarung | gong bèri kalasôngka | ebat kang samya ningali | prawirane Sang Arya Suratimôntra ||

14. tuhu prajurit utama | mangkana ingkang akanin | rajaputra ing Ngastina | sampun ginosonganginotongan (dan di tempat lain). maring | pakuwon ingkang kari | sumbar angênguwuh mungsuh | payo kene papagna | jago ing Madura sami | aywa maju siji barênga kewala ||

15. wau tan bêtah miyarsa | Arya Dursasana amit | ing raka myang Ugrasena | rinilan mudhun tumuli | mring papan wus kapanggih | sarwi mandhi gadanipun | Dyan Arya Dursasana | solah kras wuwuse wêngis | hèh jagone Kôngsa iki kêmbarana ||

16. putra Ngastina panênggak | Dursasana surasakti | môndraguna ing ayuda | tate tatal anguwisi | ing karya kêrêp mami | ngêlar jajahaning mungsuh | sugal Suratimôntra | ywa ngucira [nguci...]

--- 125 ---

[...ra] ing ajurit | mêngsah ingsun kaya ta nora kuciwa ||

17. sigyarya Suratimôntra | krudha mêngkap nubruk wani | rog rukêt caruk arawak | rêbut corok kang ajurit | rame bindi-binindi | sruning panabêt sumêbut | tuna tibèng bantala | rug dhungkar lêbur kang bumi | lir ginaru malêbu-lêbu ulêkan ||

18. durung ana kang acidra | kalihe cikat tarampil | wasis olahing prang gada | awas myang kuwate sami | dangu tan migunani | buwang gada kalihipun | sigra apêrang rupak | candhak atarik-tinarik | rame dêdêr-dinêdêr midêr idêran ||

19. durung ana soring yuda | Dursasana kantun wêgig | ingolah sêndhal-sêndhalan | kaledhon panêndhal kêni | jinunjung asta kalih | pinolah ingundha muluk | tininggil anèng asta | sigra binantingkên siti | pinarêngan suraking wadya gumêrah ||

20. kantu Radèn Dursasana | jêrbabah gumuling siti | nulya sampun ginosongan | Kurawa kang kantun wiwrin | amung kabêlêt ngisin | mundur dadya briga-brigu | kongsi prabu taruna | Duryudana angêjèpi | pra Kurawa kinêjepan parêng mêdal ||

21. sadasa parênga mara | mawa gada miwah bindi | badhama limpung candrasa | gumrudug praptanirèki | pabaratan awêngis | wuwuse hèh buta jugul | kumprung ambêg prawira | ing mêngko dèn ngati-ati | sira ingsun krubut sadulur sadasa ||

22. dèn tanggon aja ngucira | Suratimôntra awêngis | aja sing ngrubut sadasa | nadyan sakêthi ing wuri | sayuta ngrêbut ngarsi | môngsa ta mundura ingsun | sigra sata Kurawa | parêng tandang ngrubut wani | anyêyiwo [anyêyi...]

--- 126 ---

[...wo] kanan keri wuri ngarsa ||

23. sarwi ambindi anggada | nglimpung wênèh anyuduki | pupuk tumibèng sarira | nora môntra lamun busik | tuhu prawira sakti | Suratimôntra ing pupuh | sinosoh ing gêgaman | lir sela rinocok dening | roning têbu tan pisan dadi bêbaya ||

24. wus katog pamupuhira | para Kurawa anuli | molah wil Suratimôntra | agalak krudha mawêrdi | nganan ngering bantingi | êndi kang kêna dinaut | sawusing ngundha-undha | sêbut binuwang atêbih | tibanira tiba ing jawi kalangan ||

25. nora dangu sirna gêmpang | Kurawa sadasa tapis | apan sami binuwangan | sangêt kantu nora eling | nulya malih ngudhuni | para Kurawa rongpuluh | sarwi mandhi badhama | lugora myang gada bindi | palu piling luwuk lori myang tarantang ||

26. gumruduk praptaning papan | parêng dènira anitir | ing badhama bindi gada | sarwi nyênyiwo ing jurit | wuri myang kanan kering | Suratimôntra tan kengguh | kabèh gamaning yuda | tibèng sarira kabasmi | nora môntra-môntra dadia bêbaya ||

27. pra Kurawa kalih dasa | sinaut saking sawiji | êndi kang dinaut kêna | binuwangakên atêbih | jawi kalangan nênggih | tibaning Kurawa kantu | tan dangu sirna gêmpang | saya surake wadya wil | agumêrah kadya guntur ing akasa ||

28. binarung tabah-tabahan | kêndhang gong gubar myang bèri | ramene datanpa rungyan | kêkês kang samya umèksi | Suratimôntra sakti | Kurawa kang kari mirut | lolos saking sajuga | mung kari raja taruni | Suyudana kasêlut kantun priyôngga ||

29. sampuna kabêlêt wirang | kadi sampun angesahi |

--- 127 ---

sinamun-samun amêksa | kôntra uwasing panggalih | payus asawang mayit | mangkana ri sêdhêngipun | kèndêl ingkang ayuda | dutane prabu taruni | prapta panggung palênggahan Ugrasena ||

30. nuwun pikawoning tohan | kadya kang wus kalbèng tarip | saajon sakêthi dinar | kathah pikawonirèki | Ugrasena bayari | ginotong ing wadya diyu | pan dadya rong gotongan | Kôngsa langkung sukèng galih | karsanira katêkan asmaradana ||

35. Asmaradana

1. maksih pajêg kang abaris | pan dèrèng sami bibaran | lagya têngange wancine | kèndêle ingkang ayuda | nênggih lagya ngasoa | mangkana Sang Arya Prabu | Kôngsa angatas ing karsa ||

2. sintên kang nandhingi malih | jago wil Suratimôntra | Prabu Kôngsa prasabêne | apan maksih tinandhingan | dening Dyan Ugrasena | sapisan êngkas kalamun | sawungira kapracôndhang ||

3. agênti ingkang nandhingi | Sang Arya Prabu Rukmaka | wus dadya ing prasabêne | kunêng ingkang ngaso lagya | kocap Dyan Kakrasana | sakadangira kang ayun | ningali du-adu jalma ||

4. ing ngalun-alun wus prapti | anjujug ringin sêngkêran | mamrih têranging panonton | jênak nora kapanasan | eca pikantuk papan | tan têbah pra arinipun | Lara Irêng Narayana ||

5. Wrêhatnala atanapi | Udawa Bagong lan Sêmar | sadaya kêmpal amanggon | mangkana malih kocapa | Arya Prabu Grasena | wus amatag kinèn magut | raja mudha ing Ngastina ||

6. sandika mêsat tumuli | mudhun saking pêpanggungan | obah kabèh kang anonton | kumêrsêg amamrih papan |

--- 128 ---

jêjêl uyêl-uyêlan | pipit-pinipit apêluk | dhêdhêsêgkan rêbut ngarsa ||

7. Lara Irêng kontrang-kantring | sêdhih sinêsêg ing janma | sumriwut kanan keringe | nora cêtha anupiksa | kalingan janma kathah | satêmah asênggruk-sênggruk | ririh dènira karuna ||

8. raka ro awas ningali | panangise Rêtna Rara | Narayana ngoso-oso | jêrku apa cah wanodya | kamini kalayua | têkaning don sira muwun | bisa têmên gawe beka ||

9. sang rêtna ririh nauri | wong ingsun dèn suk ing kathah | kalingan tan bisa mêlok | marèku kakang elikna | Narayana anyêntak | lah êmbuh-êmbuh anggêpmu | ngelik-elik wong umiyat ||

10. jêr inanira pribadi | parikudu ningalana | ya ketoka nora ketok | aja sira anênêtah | ing wong padha umiyat | Lara Irêng atumungkul | sarwi luhe daleweran ||

11. Dyan Kakrasana wlas mèksi | mring ari sang rêtna rara | kuciwa ing panontone | kang rayi cinandhak sigra | sarwi alon ngandika | wis rara aja amuwun | ing kene ancik-ancika ||

12. kalawan ingsun jagani | lah mara inggal manjata | dene iki ana pathok | sang rêtna ngunggahkên sigra | pundhake Wrêhatnala | kancikan sang rêtnaningrum | wêwangkongira sang rêtna ||

13. apan maksih dèn jagani | ing raka Dyan Kakrasana | kang ingancikan pundhake | dhêg-dhêgan kèndêl kewala | ing batin langkung suka | nadyan dèn ciki sataun | tyasira suka kewala ||

14. sêmônta sang dyah anjawil | mring raka lon aturira | kakang iki dudu pathok | yèn pathok môngsa [mông...]

--- 129 ---

[...sa] obaha | ambêkane kumrangsang | kang raka gumuyu guguk | obah manèh jêr pathoknya ||

15. dèn suk-êsuk wong ningali | deneku ingkang kumrangsang | ambêkane uwong akèh | ngêndi ana pathok bisa | ambêgan amung lagya | iya pamuwusmu iku | kang liningan saurira ||

16. kakang aku minggrang-minggring | lah mara dhunna kewala | dene pêpathoke kiye | bisa sêgu ingkang sarta | bisa agarayangan | ngêmèk-mèk pêpolok ingsun | Kakrasana dêlingira ||

17. iku kakangira yayi | Narayana kang ambeda | lah wus aja walangatos | iku pathok têmênanan | dudu pathok gadhungan | Narayana sru angguguk | kênèng tambêl raganingwang ||

18. nglabuhi si pathok iki | badhêdhêge kaya apa | layak kewala sagênthong | mungkruge pathok tyasira | sêgu kang sinêmonan | Wrêhatnala grênêngipun | wong kojur tan pilih marga ||

19. pinathokakên wak mami | ngrêkasa pundhak kinarya | cik-ancik cinara pathok | bau ilang nora nana | ingkang anarimaa | sang rêtna atas pangrungu | malih umatur ing raka ||

20. adene kakang puniki | pêpathoke garunêngan | kang raka asru dêlinge | bilaiku bocah apa | de pijêr cariwisa | apa ta bakale wêruh | mara ika tingalana ||

21. ingkang dèn adu ing jurit | mèh pagut kae kewala | dulunên ywa akèh-akèh | lara ingkang sira gagas | kunêng ingkang diniya- | diya ing dêling kawuwus | Arya Prabu Suyudana ||

22. ingkang umagut ing jurit | sapraptanirèng bacira | Suratimôntra nulyage | umapag ayun-ayunan | Rahadèn Suyudana | sigra ing pamupuhipun |

--- 130 ---

ing gada sarwi ngandika ||

23. môngsa luputa saiki | patimu wil gêlah-gêlah | Suratimôntra endhane | cukat tarampiling solah | gada tuna tumiba | ing siti rug dhungkar mawut | kumêbul lêbu ulêkan ||

24. mêlêg kumêlun nglimputi | kang ayuda kalihira | arame pêrang gadane | gada-ginada agantya | tan ana nadhahana | kang ginada endhanipun | gantya jangkah gitik gada ||

25. aganti dènnya ngendhani | ganti jangkah ganti gada | durung ana kang kaledhon | awas wasise pan samya | sabên kasompok ika | atangkis gada kumêpruk | lir paguting sela cala ||

26. rosane ingkang anggitik | kuwate ingkang atadhah | prêking gada duk tumêmpoh | kumêbul mijil dahana | suka kang sami mulat | ginuntur ing surak umung | binarunging kalasôngka ||

27. yayah amanêngkêr langit | ramene datanpa rungyan | maksih pêrang gada rame | apalu-pinalu pêlak | pêluk papal-pinapal | pulêt ganti gon angêlut | dangu gada tanpa guna ||

28. sarêng buwangira kalih | salin limpung bêbuntaran | tarampil towok-tinowok | corok ungkih ngangkah-angkah | kang kêna nora pasah | tumêbèngtumibèng. jaja gumadul | limpung têmpak tanpa guna ||

29. parêng binuwang anuli | prang rupak têpak-tinêpak | pulêt pêpêlukan karo | gênti gon dugang-dinugang | dêdêr udrêg-udrêgan | cêngkah-cinêngkah akukuh | kungkal apokah-pinokah ||

30. bêbintèn babit-binabit | gêlut gulêt bêbantingan | akuwêl duk uwal karo | sarosa asêsêndhalan | mangkana Suyudana | kantun birawa gêng luhur | kuciwa sarosanira ||

31. tinarik sinêndhal kêni | kajarungup tibanira |

--- 131 ---

duk arsa wungu rahadèn | pinêluk mêndhak kewala | saking nora kawawa | nêmbadani rosanipun | kêna pinocung ing yuda ||

36. Pocung

1. wus kadêkung Suyudana gya jinunjung | tininggil ing asta | pinolah-polah kumitir | pan ingundha-undha akadya likasan ||

2. asumêbut binantingakên gumêbrug | kantu nèng bantala | kongsi dangu nora eling | wil Suratimôntra suka kiprah-kiprah ||

3. wadya diyu surake rame gumuruh | lir jugruging arga | sakêthi kagiri-giri | binarung ing gong bèri munya wurahan ||

4. kang andulu samya kêkês manahipun | tuhu tanpa lawan | Suratimôntra ing jurit | aprakoswa môndraguna ing ayuda ||

5. ya ta wau Suyudana ingkang kantu | sampun ginosongan | Kurawa langkung awiwrin | sami anglês tyasira lolos sadaya ||

6. nora kantun sawiji Kurawa murut | sang prabu taruna | Kôngsa nglampahakên tuding | tur uninga ring paman Dyan Ugrasena ||

7. sawungipun kawon mangkya anênuwun | pikawoning tohan | sakala dipun bayari | Arya Kôngsa malih angatas ing karsa ||

8. kang dèn adu sintên malih tandhingipun | Prabu Basudewa | samana sampun dhawuhi | marang ari Sang Arya Prabu Rukmaka ||

9. sawungipun kinèn mêdalna ing pupuh | ingkang dhinawuhan | apan sampun nyandikani | sigra dènnya matag mring Wasi Birawa ||

10. lan tinantun punapa kasukanipun | gêgamaning yuda | kang liningan anauri | sukanira pêrang mung kalawan asta ||

11. sigra mudhun Wasi Birawa sing panggung | ginarbêg pacara- | ning yuda lan dèn urmati | gôngsa munya

--- 132 ---

umyang amurih gambira ||

12. duk lumaku obah malih kang dêdulu | samya rêbut papan | kumrêsêg pipit-pinipit | pilih ngarsa suk-sukan uyêl-uyêlan ||

13. awas dulu Wrêhatnala yèn puniku | kang magut ing yuda | raka Sang Birawa Wasi | dadya sira prayitnèng batin kewala ||

14. jroning kalbu Wrêhatnala krudha kumrut | têmah sariranya | gumêtêr wus dadi gêni | kawuwusa ingkang ancik-ancik pundhak ||

15. Kusumayu Sumbadra ring raka matur | kakang udhunêna | iki pijêr moyag-mayig | pêpathoke gêtêre kagila-gila ||

16. sru angguguk Kakrasana sauripun | gêtêr manèh rara | mulane amoyag-mayig | lah wulatên iki nèng prahara prapta ||

17. sang rêtnayu wuwuse kakang sun dulu | pêpathokmu iya | ana jamange rinukmi | lan rambute angosot dhêdhêngkul ingwang ||

18. dangu-dangu atêlês dalamakaku | lan karasa panas | têlêse kayaa kêni | ing karingêt kumyuse amurut mana ||

19. Bagong asru gumuyu sarwi amuwus | dhuh iku bandara | pathok dêbog dèn idêgi | dangu-dangu pasthi mêdal toyanira ||

20. èstunipun kumaringêt dhatêng suku | sang rêtna lingira | kakang pêpathokmu iki | ingsun wulat kêcah-kêcohe lir mucang ||

21. lon sumaur Kakrasana rara iku | dudu pathok mucang | kang mucang sandhinge linggih | sang kusuma ragi sêndhu aturira ||

22. mara iku sawuse amucang udud | ingsun wus pramana | kakang dudu pathok iki | tanganira jowal-jawil nora kêndhat ||

23. kakang ingsun nuli udhunna dèn gupuh | kang raka ngandika | mudhun paran sira iki | yèn mudhuna sayêkti tan bisa cêtha ||

24. lah ta uwus aja cariwis amuwus |

--- 133 ---

bêtahna kewala | nadyan pathok jowal-jawil | iku tangke sêmêne pragak angarang ||

25. dèn suk-êsuk ing wong kathah siyat-siyut | nabêt sukunira | sang rêtna wuwuse wêngis | ngêndi ana êpang anganggo gêgêlang ||

26. sira iku balilukên jênêng ingsun | yèn sira tan arsa | angudhunkên jênêng mami | lah ta mêngko kakang sun mudhun priyôngga ||

27. wuwusipun Kakrasana aja mudhun | dènira angasta | wêwangkong dipun kêkahi | dadya sang dyah kapêksa cik-ancik pundhak ||

28. kunêng wau kang samya awanwanawawan. wuwus | ya ta lampahira | Wasi Birawa wus prapti | pabaratan ing wuri gung sinurakan ||

37. Pangkur

1. Kakrasana Narayana | mulat WarhatnalaWrêhatnala. kadi aruntik | kawistara krudhanipun | radèn kalih tan duga | yèn kang magut yuda punika tinamtu | kadangira Wrêhatnala | mèlu prayitna ing batin ||

2. ya ta wau lampahira | Sang Birawa praptèng madyaning jurit | Suratimôntra wus pangguh | kalih ayun-ayunan | sru têtanya hèh jago sapa aranmu | dhêdhapurmu têka beda | lan jago kang uwis-uwis ||

3. kang tinanya saurira | aja tambuh ingsun Birawa Wasi | kene kêtogên budimu | ingsun kêmbari uga | wil Suratimôntra sru anubruk purun | ing mungsuh pinrêp rinêmpak | dhinupak wil kajumpalik ||

4. wungune lajêng anêpak | nubruk nêbak ngrangkut ngrukêt ambabit | Birawa panggah apêluk | kuwêl parêng kêkawal | kang wil kêrêp kuwalik pinêlak linut | satibane tinut wuntat | surak wong Madura atri ||

5. lagyèki nèng kêlikira | wong Madura sadangune mung atis | kaul surake gumuruh | kadyarga

--- 134 ---

sèwu rêbah | wil Suratimôntra kêrêp sinurak sru | ing wadyabala Madura | mêdal krudhanirèng jurit ||

6. anggro sru agra magalak | ulat ringas riwut tandanging jurit | sajroning prang tyase emut | ingkang ingajap-ajap | rajaputra Madura kêkalihipun | pan sampun têrang ing warta | yèn kang sêpuh ulês putih ||

7. aran Radèn Kakrasana | ingkang anèm irêng sariranèki | Narayana aranipun | pêpukiring wadana | pan sairip kèh èmpêre lan sang prabu | dadya wil Suratimôntra | sadangunira ajurit ||

8. tan anggop dènira mulat | ngiwa nêngên maspadakkên pangèksi | ya ta wau kang kadulu | Rahadèn Kakrasana | langkung suka tarunging jago lan wau | sayêkti dumasa guna | ramene lawan samangkin ||

9. saking kalih kang ayuda | antuk tandhing prakoswanira sami | Suratimôntra ing tanduk | sêmune karepotan | gung ingêlut yèn cêngkah kêrêp kapêluk | lamun sêsêndhalan ika | kêrêp kajrungup ing ngarsi ||

10. yèn pulêta gêgêlutan | wil Suratimôntra kêrêp binanting | sabên sinurakan umung | mingak-minguk kewala | sangsayarda wirodhanira ing pupuh | sêsambèn amulat-mulat | marang rajaputra kalih ||

11. nora dangu katingalan | Kakrasana ngegla dènnya ningali | wus tan samar ing pandulu | Arya Suratimôntra | sigra ngikal lêlimpungira sumêbut | linêpaskên sinarêngan | rikalanira ngayati ||

12. tinêndhang de Sang Birawa | sru kalênggak Suratimôntra nênggih | gupuh ing panglêpasipun | limpunge têmah tuna | kênèng liyan sumunduk arangkêp pitu |

--- 135 ---

wong ningali ingkang kêna | pêpitu parêng ngêmasi ||

13. panêndhange Sang Birawa | sarosanya Suratimôntra kongsi | tibane kagulung-gulung | linut sapurugira | duk tinubruk wil ngendhani alumayu | dhêsêl jawining kalangan | mulat lêlimpunge tuni ||

14. kaplêsat kêna ing liyan | gya mangancap narpadmanarpatma. dèn parani | Kakrasana kang tinubruk | sakêdhik ragi weya | saking nora anduga sajroning kalbu | yèn dèn ungsir sariranya | dening Suratimôntra wil ||

15. samana tinubruk kêna | wus linarak binêkta mlêbêt malih | marang jro kalanganipun | polah pinipit pisan | bêbangkekanira pinithing akukuh | Kakrasana paringisan | obah gègèr kang ningali ||

16. kadya gabah ingintêran | sumêbaring wong lumayu bêntusi | orêg jroning ngalun-alun | wau Dyan Kakrasana | kang pinithing yêktine nora kalimput | èngêt ing driya rèh ditya | sikara amamrih pati ||

17. sigra musus astanira | kang sanjata nênggala murup mijil | tinêbakkên jajanipun | sang wil Suratimôntra | kapisanan bêncah rahira sumêmbur | pinarêngan Sang Birawa | anêpak mukanirèng wil ||

18. rênyuh têkan mustakanya | wil Suratimôntra gumuling siti | kapisanan pêjahipun | wau Nararya Kôngsa | awas mulat yèn Suratimôntra lampus | anjog sing panggung angancap | Kakrasanarsa ngesahi ||

19. kasompok praptaning Kôngsa | saking wuri radèn sinêndhal kêni | apolah-polah pinêluk | kocap Dyan Narayana | miyat ingkang raka repot ing apupuh | saking dene dèrèng mapan | kasêlak dèn oncit-oncit ||

20. langkung murinaning driya | ciptanira [cipta...]

--- 136 ---

[...nira] radèn parênga mati | wus mangsah nêdya têtulung | wau wadya rêksasa | duk tumingal gustine amagut pupuh | sumêdya belambêg pêjah | kumrutug ngêbyuki pati ||

21. tinadhahan Sang Birawa | ingkang panggah mêgati playuning wil | Birawa wus pamuk punggung | amung kalawan asta | jêjêg binte dugang babit nyampluk dêkung | dêdêl wênèh ngadu kumba | rangkêp ro têlu babarji ||

22. pamuke Wasi Birawa | kadyandaka ingkang têtawan kanin | wil bala ingkang kapagut | tumpês tapis agêmpang | sirna ngarsa ing wuri ambyuk sumriwut | kunêng pamuke Birawa | wuwusên prabu taruni ||

23. kang angoncit-oncit radyan | duk tumingal Narayana belani | pangancape ambrakuthu | sigra Dyan Kakrasana | kinêmpit ing asta kanan langkung kukuh | Kakrasana tan bisabahbisobah (dan di tempat lain). | praptaning Narayanèki ||

24. tinadhahan asta kiwa | sru sinêndhal Narayana katarik | apolah-polah pinêluk | kinêmpit asta kiwa | tan bisabah Wrêhatnala awas dulu | ciptarsa ambelanana | sêdhih tinangisan dening ||

25. Lara Irêng sru karuna | pundhakira apan maksih dèn ciki | jroning krudha rangu-rangu | dènira rumêksaka | ingkang ancik-ancik wontên pundhakipun | ewadene Wrêhatnala | andurma wus angayati ||

38. Durma

1. Sarotama pinusthi ingarah-arah | wuwusên kang pinithing | Radèn Kakrasana | kalawan Narayana | duk mulat Radèn Pamadi | angayat astra | èngêt sajroning galih ||

2. Kakrasana amusus asta kalihnya | astra nênggala mijil | murup mungging asta | Rahadèn Narayana | muwus astanira [a...]

--- 137 ---

[...stanira] mijil | wikunta cakra | katri parêng nibani ||

3. Wrêhatnala ngangkah bêbaune Kôngsa | kang sinipat jêmparing | asalah satunggal | Rahadèn Kakrasana | jaja kang dipun tibani | astra nênggala | Narayana nibani ||

4. mukanira Kôngsa tinapuk ing Kôngsacakra. | kaparêngan dyan katri | tibaning sanjata | siji tan ana ninang | baune Kôngsa kang kêni | kanan kapagas | dening Sarotamèki ||

5. jajanira bêncah tinêbak nênggala | muka rênyuh manguwir | tinibanan cakra | dening Sang Narayana | Kôngsa kapisanan mati | pagas baunya | bêncah jajanirèki ||

6. muka rêmuk têkan mustakane pisan | gumêbrug tibèng siti | uwal dyan kalihnya | saking pangasta Kôngsa | winulat sampun ngêmasi | langkung jrihira | lumayu radèn kalih ||

7. silulupan awor playune ngakathah | jalma kang nêningali | Radèn Narayana | Udawa kang ingajak | Kakrasanèngêt kang rayi | Wara Sumbadra | sampun cinandhak nuli ||

8. gya ginendhong Wrêhatnala sru linarak | payo lumayu adhi | yèn dipun upaya | dening sri naranata | wit kamipurun mêjahi | prabu taruna | tan wurung kukum pati ||

9. Wrêhatnala sêmu gugup aturira | kangmas dika rumiyin | kula botên tega | nilar kakang Birawa | kinrubut wadya rasêksi | rumiyin kula | têtulung ing ajurit ||

10. Kakrasana sigra akêbat lumajar | sarwi gendhong kang rayi | playune slulupan | awor playuning kathah | wau ta ingkang ajurit | Wasi Birawa | ngiwa nêngên matèni ||

11. wantuning wong sawiji binuting kathah | ragi repot kaèksi | tangkêping wil bala | suh ngarsa wuri prapta | kumrutug ngêbyuki pati | Sang Wrêhatnala | wêlas dènnya ningali ||

--- 138 ---

12. repotira kang raka Wasi Birawa | sigra musthi jêmparing | lan pinuja-puja | mijil saking gandhewa | jêmparing makêthi-kêthi | anarawantah | sumriwut ing ajurit ||

13. pan pinuja sinami kathahing ditya | marma makêthi-kêthi | mêlêg saking langkap | kumêbut marang lawan | wadya wil tumpês katapis | datanpa sisa | dening astra kasaktin ||

14. wadya ditya norana kari sajuga | tumpês dening jêmparing- | ira Wrêhatnala | dupi sampun têtela | têlasing wadya rasêksi | Sang Wrêhatnala | nalimpêt angulati ||

15. ingkang raka Kakrasana Narayana | durung wus dalêm batin | dènira umulat | marang Wara Sumbadra | lam-lamên manahirèki | kungkaling rimang | brôngta marang sang dèwi ||

16. kunêng ingkang manggung asmara turida | wau ingkang winarni | sapêjahe Kôngsa | tumpêse wadya ditya | sri narendra animbali | ari kalihnya | miwah para dipati ||

17. kinèn sami nututana ingkang putra | ngêndi paraning ngungsi | yèn ora kacandhak | lajêng dèn upayaa | sigra kang para dipati | mantri satriya | ngulati rajasiwi ||

18. ana ingkang anitih kuda dipôngga | dènira anututi | sagunging punggawa | tan kirang titi priksa | sabên tiyang dèn takèni | sapa wêruha | mring rajaputra kalih ||

19. kang uninga umatur atur pariksa | playuning rajasiwi | sapurug linacak | prandene tan kacandhak | kunêng wadya kang nututi | Sri Basudewa | nimbali ari kalih ||

20. dhinawuhan ngimpuni kang wadyabala | miwah kinèn nimbali | Sang Wasi Birawa | ri kalih lumaksana | Ugrasena kang ngimpuni | wadya Madura | wus kêmpal dadi siji ||

21. Arya Prabu Rukmaka [Rukma...]

--- 139 ---

[...ka] sampun kapanggya | lawan Birawa Wasi | wus kerit binêkta | ing panggung palênggahnya | Sri Basudewa narpati | praptaning ngarsa | prabu ngandika manis ||

39. Dhandhanggula

1. hèh Birawa sira sun takoni | poma dipun umatur pasaja | sapa kang pêputra kowe | marmane jênêng ingsun | anêniti marang sirèki | satêmêne ana kang | karasa tyas ingsun | duk mulat pukiranira | Sang Bira tumungkul ature aris |Kurang satu suku kata: Sang Birawa tumungkul ature aris. iya ingsun pasaja ||

2. anggêr nora kabêncorah janmi | sira bae bisa nasabana | supaya nora kacênèn | sasolahtingkah ingsun | lamun sira nora abangkit | nasabi nora nana | angsile jêng ingsun | murih matura pasaja | Sri Narendra Basudewa anganthuki | Birawa aturira ||

3. satêmêne jênêng ingsun iki | putrèng Prabu Pandhu Dewanata | sing ibu Kunthi patute | têtêlu tunggal ingsun | ingkang sêpuh Dyan Darmasiwi | panênggake manira | nuli ariningsun | Si Pamadi malih ana | kadang ingsun patutan sing ibu Madrim | ro sami kêmbar priya ||

4. Si Nangkula Sadewa wuragil | Prabu Basudewa duk miyarsa | trênyuh tyasira rujite | kagyat kadya pinutu | gya rinangkul Birawa Wasi | sarwi sru tinangisan | pangandikanipun | pagene ingkang pawarta | sira kaki sakadangira ngêmasi | bale sagala-gala ||

5. dadi awu sirna jroning gêni | dyan umatur Sang Wasi Birawa | purwa madya wasanane | sadaya sampun katur | ingkang myarsa anglêsing galih | narendra ing Madura | malih wuwusipun | hèh kaki yèn mangkonoa |

--- 140 ---

sira iku pulunan ingsun pribadi | Kunthiku ariningwang ||

6. yèn mangkono prayogane kaki | kadang ibunira pondhongana | padha rêrêpa ing kene | Birawa aturipun | uwa prabu iku tan kêni | jêr putra-putranira | pan lagi lumaku | karsane Hyang Jagatnata | sira bae iya kang bisa nasabi | sandine tingkah ingwang ||

7. sarta mêngko ing sarèhne uwis | paripurna pakaryèngsun iya | nuli lilana bae |Kurang satu suku kata: nuli lilanana bae. arsa wangsul mring dhukuh | yêkti lalu pangarsi-arsi | kang padha anèng dhêkah | mung anganti ingsun | dènirarsa nutugêna | ing lêlakon sang prabu ngandika aris | ya kaki sun pêpuja ||

8. dening dewa katêkana nuli | ing sasêdyanira ywa kacuwan | dene pakaryamu kuwe | bangêt tarimaningsun | sasat sira ingkang nguripi | ing wong praja Madura | iki kaki ingsun | musakani marang sira | minôngkaa dadi ganjaraning jurit | kang gada wêsi pita ||

9. duk rumuhun pusakanirèki | Prabu Gorawôngsa Gwarataka | kang gada wêsi kuninge | ampuh tanna wong têguh | lan kaole gada puniki | benjang kêna kinarya | amunah ing satru | sêdhênge prang Bratayuda | tumpêse pra Kurawa saking gadèki | lah ênya tampanana ||

10. Arya Sena anuhun nampèni | nulya amit rinilan wus mêsat | kang kari angungun kabèh | lakone Pandhusunu | tan wus dènnya sami ngrasani | samana sri narendra | èngêt putranipun | andangu para punggawa | kang dinuta dinangu asaur-pêksi | matur botên kapanggya ||

11. sri narendra kapasuk ing kingkin | trênyuhing tyas anawung sungkawa | para punggawa

--- 141 ---

wus kinèn | ngupaya ing sapurug | pinacuhan sampun amulih | lamun nora kapanggya | kang putra têtêlu | kongsi jambul wanên pisan | sakubuking jagat raya dèn salisih | pangupa yèn tan panggya ||

12. mung antuka pawartanirèki | dene mangkya Kyai Ôntagopa | linuwaran sing larane | sarta jinunjung lungguh | dinadèkkên punggawa miji | Sagopi binoyongan | marang jro kadhatun | cinêndhak wus kalêksanan | karsa nata sadaya kunêng sang aji | kang gêng nawung sungkawa ||

13. gantya ingkang kocapa ing tulis | palayune Radèn Kakrasana | saking jrih ngrasa dosane | dènira kamipurun | amêjahi putra narpati | kesahe Kakrasana | wangsul marang gunung | ing Argasunya samana | lawan ari Lara Irêng amartapi | Rahadèn Kakrasana ||

14. sampun yasa pangasrama tuwin | pamidikan wontên Argasunya | sampun sêsilih namane | Wasi Jaladaraku | sru angluluh raga pinati | bantêr mring kasutapan | panalangsanipun | mring dewa minta aksama | dene Radèn Narayana playunèki | jujug Gadamadana ||

15. puruita ring wanara rêsi | wastanira Sang Kapi Jêmbawan | radèn sinulang-sulangke | yèn putranirèng prabu | Basudewa ing Madurèki | mangkya wus ingupaya | kang rama kalangkung | sungkawanira ing driya | Radèn Narayana karsane pinurih | ngatona mring nagara ||

16. kang supaya bisane kapanggih | lawan duta nata de dosanya | dènira matèni Radèn | Kôngsa tan dadya bêndu | malah dadya sukaning galih | saliring lêlampahan- | nira Kôngsa wau | winarah [wina...]

--- 142 ---

[...rah] sadayanira | Narayana ngungun kasdiking pangèksi | Rêsi Kapi Jêmbawan ||

17. wus tan kalih Padmanaba nguni | Narayana sagah ngatingala | yèn wus dumugi sêdyane | pruhita minta tuduh | sang arêsi suka nuruti | kunêng kang puruhita | gantya kang winuwus | lampahe Wasi Birawa | arsa wangsul mring srama Antalagati | wontên marga kapanggya ||

18. ingkang rayi Kandhiwrêtnalèki | sami sojar-sinojaran lirnya | kang linakon dhewe-dhewe | sami suka angungun | sukanira dene kapanggih | kadang wontên ing marga | pangunguning kalbu | kadya supêna kewala | kang linakon kadange nak-sanak sami | akênèng lêlampahan ||

19. nora pae sarirane kadi | wasanane kang rayi ingajak | kondur marang asramane | supayane ing laku | nora kandhêg tumolih-molihtumolih-tolih. | dènira mring Wiratha | radèn kalih sampun | umangkat saking ing marga | lampahira cinêndhak sampuna prapti | Antalagati srama ||

20. awêwarta Sang Birawa maring | brahmana om miwah ibunira | sami suka sadayane | anulya darma sunu | umatur ring sang mahayogi | rèhning dènnya pruhita | wêwulang wus tutug | kang inganti sampun prapta | amit arsa andumugèkakên laris | brahmana om ngandika ||

21. inggih anggèr sêdhênge samangkin | jêngandika mring praja Wiratha | amung pitungkas ngong bae | marganira pakantuk | pasuwitanira sayêkti | jujuga wismanira | Sugata Sang Wiku | mênggah Sang Rêsi Sugata | duk rumuhun punggawa Ngastina nami | nênggih Arya Bilawa ||

22. samuksane ramanta [ra...]

--- 143 ---

[...manta] sang aji | pun Bilawa tinundhung kang uwa | Sri Drêstharata wit dene | karêm ing atur burus | pan siniku Bilawa nuli | suwita mring Wiratha | antuk sihing prabu | Matswapati winisudha | dados raja pandhita mangkya sêsilih | nama Rêsi Sugata ||

23. Darmaputra sandika turnèki | sakadange amit wus linilan | pangkat saking asramane | Antalagati laju | lampahira datan winarni | langkung kawêlasarsa | kang anamur laku | cinêndhak lampahe prapta | wangkis praja Wiratha arêrêp sami | nèng desa Pantirêja ||

24. nulya rêmbag sakadange sami | prayoganing lampah dènirarsa | panggih Rêsi Sugatane | nonjok sêrat rumuhun | nora karya kagyat ing galih | rêmbagira wus dadya | pinatah lumaku | sira Kandhiwrêhatnala | binêktanan pustaka sarta winêling- | wêling anulya pangkat ||

25. praptèng praja têtakèn pakolih | padununge Sang Rêsi Sugata | Kandhiwratnala lampahe | cinêndhak wus kapangguh | lawan Rêsi Sugata nênggih | sang rêsi nilakrama | jinatenan sampun | Wratnala matur pasaja | Sang Arêsi Sugata kasok ing galih | kathah ingkang karasa ||

26. Wrêhatnala pan dipun tangisi | wusnya lêjar asatata lênggah | surating raka tinampèn | binuka de sang wiku | wus kadhadha surasanèki | Rêsi Sugata lingnya | inggih anggèr sokur | kula langkung ngayubagya | lah suwawi kularsa panggih pribadi | lawan raka paduka ||

27. Wrêhatnala sumôngga sakapti | wanci dalu dènira abudhal | mring desa Pantirêjane | ing marga tan winuwus | lampahira Sugata Rêsi | praptaning Pantirêja | pan sampun kapangguh | lan Brahmana Wijakôngka | kadang ibu sadaya sami

--- 144 ---

manggihi | suka angraras driya ||