Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Gandrung Warana, De Bliksem, 1930, #1616

Katalog:Gandrung Warana, De Bliksem, 1930, #1616
Sambung:-

Sêrat Gandrung Warana

Cariyos sabibaripun bêdhah nagari ing Ngalêngka, dening Sri Ramawijaya.

Anyariyosakên gandrungipun Rêtna Trijatha dhatêng Laksmana, ngantos dumugi babaripun jodho sajati.

1e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM" SOLO 1930

--- [1] ---

Sêrat Gandrung Warana

Cariyos sabibaripun bêdhah nagari ing Ngalêngka, dening Sri Ramawijaya.

Anyariyosakên gandrungipun Rêtna Trijatha dhatêng Laksmana, ngantos dumugi babaripun jodho sajati.

1e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM" SOLO 1930

--- [2] ---

...

--- [3] ---

1. Dhandhanggula

1. tan wus lamun winuwus ing tulis | prabu kalih dènira mrih samya | ing Sri Rama pamulange | tan wontên tuwukipun | ya ta wau ingkang winarni | Rêtna Wara Trijatha | ing sakonduripun | saking nagari Ngayodya | sapraptaning jro pura Ngalêngka nagri | sare nèng Argasoka ||

2. sang kusuma supêna ing ratri | dhinaupkên lan Sumitraputra | Ramawijaya karsane | rinêngga panggihipun | nanging dèrèng kantos sarêsmi | wungu dènira nendra | wungu pungun-pungun | ngungun ing supênanira | dalunipun sang rêtna supêna malih | impène dèrèng owah ||

3. maksih sambung supênaning wêngi | dènnya kagarwa Sumitraputra | sih-sinihan jroning sare | kongsi têkèng salulut | lêt sadalu supêna malih | wali-wali tan owah | supênane sambung | sinêmu dening supêna | mring Laksmana onênging tyas wus ngênèni | tan kêna sinamuna ||

4. jroning guling gung dènnya kalingling | anganglangi langênirèng tilam | wus kanganglangan galihe | lênglêng binglêng mèh linglung | kalênglêngan dalu kalingling | nèng udyana tan ana | mêndhanira ing kung | mulat lêlangêning taman | malah-malah lênglênge sadaya tangi | mring taruna Laksmana ||

2. Sinom

1. ananging Rêtna Trijatha | ing netya datan katawis | lamun anahên wiyoga | mring Radèn Sumitrasiwi | panêmune tan sêpi | ing

--- 4 ---

netya mring solahipun | dènira nahên brônta | kang rama datan udani | duk samana kusuma Rêtna Trijatha ||

2. matêk ing wiyoganira | nalikanira marêngi | umiring marang kang rama | sowan mring Ngayodya nagri | kondure tan umiring | sang kusuma maksih kantun | ing tyasira nêmpuh byat | matur mring Putri Mantili | lamun nahên brônta mring Sumitraputra ||

3. wus tan ana lyan kacipta | ing siyang dalu kaèksi | panuwunira Trijatha | marang Sang Putri Mantili | sumêdya anyênyèthi | mring Radèn Laksmana sadu | yayah sampun pratignya | ature marang sang putri | nganyut tuwuh yèn tan katêkaning brônta ||

4. yêkti yèn lêbu dahana | wau kalane miyarsi | marang ature Trijatha | kusuma Putri Mantili | kumêpyur tyasirèki | Trijatha sigra rinangkul | dhuh babo putraningwang | katuhone sira nini | mêngko lagya duwe cipta arsa krama ||

5. dene ta sèwu kapalang | kang dadya sênêngirèki | hèh ta nini wruhanira | Rahadèn Sumitrasiwi | apan wus pindha rêsi | sinaksèn ing jawata gung | wahdat datanpa krama | mulane ilangna nini | brantanira marang Laksmana Widagda ||

6. lamun sira arsa krama | apan ora kurang nini | satriya myang para raja | ingkang wus padha sumiwi | marang Ngayodya nagri | akèh ratu agung-agung |

--- 5 ---

tuwin para satriya | kang padha wiranom pêkik | lamun ana ingkang dadi sênêngira ||

7. iya ingsun kang ngaturna | marang wong tuwanirèki | Sang Prabu Ramawijaya | mendah sukane kang galih | miwah kang dèn paringi | jinodho lawan sirèku | satriya para raja | mendah ta sukane sami | baya-baya cinipta krama nugraha ||

8. kaloka ing tri bawana | rajaputri Ngalêngka ji | sajuga kang yu utama | pasang limpading lêlungit | mulane putra mami | ilangna aywa kabanjur | brantane ing tyasira | kang marang Sumitrasiwi | apan sira putrining ratu utama ||

9. sarjana tur parikrama | apan ora kurang nini | kabangkitaning tyasira | trap têpa rilaning putri | aywa kapati-pati | andarungkên brônta wuyung | kang wus pasthi tan kêna | bêcik yèn mikira nini | iya jatukrama liyane kewala ||

10. mangkana Rêtna Trijatha | nalikanira miyarsi | pangandikane kang uwa | kusuma Putri Mantili | anglêsing tyas tan sipi | tumungkul mrêbêl mêtu luh | sêrêting aturi |Kurang satu suku kata: sêrêting aturira. dhuh pukulun uwa dèwi | lamun sampun makatên ing pangandika ||

11. tan pantês dening brantamba | mring Radyan Sumitrasiwi | dènira tyase mung pindha | rêsi wahdat tanpa krami | yêkti ulun nêtêpi | ing prasêtyamba pukulun | nuwun pamit kewala | mring paduka lêbu gêni | kasaksèna [kasaksè...]

--- 6 ---

[...na] wa Prabu Ramawijaya ||

12. Dèwi Sinta duk miyarsa | Trijatha aturirèki | kumêpyur tyasira sigra | angrangkul sarya ngling aris | lir kadya ngarih-arih | dhuh Trijatha putraningsun | sarèhna ing tyasira | aywa ge alêbu gêni | antènana ingsun ngaturi uninga ||

13. marang wong atuwanira | bokmanawa ana nini | panggalihe marang sira | tutên satuduhirèki | sigra Putri Mantili | marêk marang raka prabu | ngaturkên aturira | Trijatha dènnya kapati | brônta marang kang rayi Sumitraputra ||

14. miwah ing upatanira | sadaya wus katur sami | lamun datan kalampahan | dènnya sumêdya nyênyèthi | marang Sumitrasiwi | upata panurun apyu | Prabu Ramawijaya | miyarsa aturing sori | langkung kagyat sarta sru pangungunira ||

15. dene ta Rêtna Trijatha | wus ginalih jodho pasthi | kalawan Kapi Jêmbawan | lagya ngupaya kang dadi | marganira mrih kêni | Trijatha piturutipun | nglampahana sakarsa | marma Trijatha ginalih | jodho lawan wre tuwa Kapi Jêmbawan ||

16. kênèng upataning uwa | Prabu Dasamuka nguni | kêkahira Dèwi Sinta | dènnya tan arsa nuruti | marang karsanirèki | Rawana panrêkanipun | saking Rêtna Trijatha | dèniranggung wira-wiri | dinuta mring barisan wukir Suwela ||

17. lan risaking Argasoka |

--- 7 ---

dening Anoman ginalih | panggawenira Trijatha | kang ngirid praptanirèki | ngamuk nèng taman sari | pira-pira ditya gêmpur | marma Sri Dasamuka | asru dènnya nupatani | hèh Trijatha sira asih ing wanara ||

18. ingsun têtêdha ing dewa | aywa sira laki-laki | yèn ora antuk wanara | kang wus tuwa kaki-kaki | jawata anaksèni | Rawana upatanipun | têmah mangke Trijatha | kapati-pati toh pati | dènnya brônta marang kang rayi Laksmana ||

19. tan wande Rêtna Trijatha | anêmahi lêbu gêni | dènira Sumitraputra | wus upata pindha rêsi | wahdat datanpa krami | marma sru dènnya margiyuh | Prabu Ramawijaya | ing galih dèrèng pinanggih | dangu kèndêl wasana aris ngandika ||

20. yèn mangkono yayi sira | dèn bisa angarih-arih | mring sutanira Trijatha | dèn sarèhna tyase dhingin | aywa ge lêbu gêni | angantia praptanipun | yayi Prabu Ngalêngka | apan lagi sun timbali | mring Ngayodya lan yayi Prabu Kiskêndha ||

21. kang garwa matur sandika | wus mundur saka ing ngarsi | sapraptanirèng jro pura | Trijatha rinangkul aglis | sartane dèn dhawuhi | sadaya timbalanipun | Prabu Ramawijaya | Trijatha duk amiyarsi | ana kêdhik asrêping wardayanira ||

22. anyipta subrantanira | mring prabu maksih ginalih | mangkana [mangka...]

--- 8 ---

[...na] Narendra Rama | sampun utusan nimbali | marang sang prabu kalih | punggawa wre kang atugur | satunggal nèng Ngayodya | punggawa ditya satunggil | pan angiras têngga pasanggrahanira ||

23. punika ingkang dinuta | mantuk mring prajane sami | animbali ratunira | sartane ambêkta tulis | mêsat punggawa kalih | saking nagri Ngayodya wus | samya mêsat gagana | ing marga datan winarni | rikat lampahira kalihe wus prapta ||

24. ing prajane sowang-sowang | lajêng punggawa kêkalih | marêk marang ratunira | samya ngaturakên tulis | saking Sri Dasarati | sang prabu kêkalih gupuh | Kiskêndha lan Ngalêngka | dènira nampani tulis | lajêng samya binuka sinukmèng driya ||

25. putusing pamaosira | dhawuhing srat animbali | mring narendra kalihira | sapunggawanira sami | aywa na dharat siji | agea ing praptanipun | nagari ing Ngayodya | kapita narendra kalih | ing sadhawuh-dhawuhira kang nawala ||

26. Sang Aprabu Wibisana | ngundhangi wadyanirèki | sagunging kang pra dipatya | samêkta kaprabon jurit | miwah Kiskêndha nagri | Narpati Sugriwa sampun | ngundhangi pra dipatya | wanara samêkta sami | sarêng budhal kalih saking prajanira ||

27. samya mahawan gagana | tan abêkta dharat siji | ing marga datan winarna |

--- 9 ---

narendra kêkalih prapti | nênggih Ngayodya nagri | sawadya punggawanipun | gumuruh swaranira | jumujug ing pôncaniti | katur marang Sang Prabu Ramawijaya ||

28. ari kalih gya dinuta | Rahadèn Sumitrasiwi | lan kang rayi Radèn Truna | mêdal marang pôncaniti | nimbali ingkang prapti | prabu kalih kerit sampun | Radèn Sumitraputra | anganthi Wibisana ji | gantya Truna nganthi Narpati Sugriwa ||

29. sagung ingkang pra dipatya | wanara ditya prasami | kantun anèng pagêlaran | mung bupati putra kalih | nênggih ingkang piniji | tinimbalan mring sang prabu | manjing sajroning pura | umiring prabunirèki | Bali Putranggada lan Radèn Anoman ||

30. sapraptanirèng jro pura | Sugriwa Wibisana ji | ingawe majêng tur sêmbah | sawusnya samya ngabêkti | kinèn jajara linggih | lan ari katiganipun | Brata Truna Laksmana | gantya Rahadèn Maruti | lawan Radèn Anggada angaras pada ||

31. sawusira tata lênggah | wurining prabunirèki | Bathara Rama ngandika | marma yayi prabu kalih | ge-age sun timbali | sapungkurira rumuhun | ingsun dahat sungkawa | saka pamothahirèki | sutanira Si Trijatha karya beka ||

32. mothah marang bakyunira | ari putri ing Mantili | pasaja yèn nandhang brônta | mring yayi Sumitrasiwi |

--- 10 ---

kudu-kudu anyèthi | adrêng tan kêna rinapu | winarah yèn Laksmana | tan kêna brônta pawèstri | tyase pindha rêsi wahdat tanpa krama ||

33. nanging yayi sutanira | Si Trijatha wus tan kêni | yèn mundura brantanira | pan wus upata toh pati | yèn tan kalakon nyèthi | mring yayi Laksmana sadu | yêkti yèn lêbu wongwa | wus pamit ing yayi dèwi | lêbu gêni mèh tan kêna rinapua ||

34. bisane sarèh tyasira | mênêng dènnya lêbu gêni | sun aring-aringi kêna | ngantènana mring sirèki | manawa duwe pikir | lagiya sigra pra tunu | wajib kasaksèn bapa | marma sutanta ngantèni | mêngko yayi Prabu Ngalêngka wus prapta ||

35. sayêktine ingsun pasrah | masa-bodhoa sirèki | pikirên bêcike uga | yèn ingsun wêktu saiki | wus ora duwe budi | saengga pinanah pêdhut | katampêk ampak-ampak | ribêng pêtêng ing tyas mami | ora bisa mênga salèng dom kewala ||

36. ingsun pasaja ing sira | yayi Prabu Ngalêngka di | sajatine pan wis lawas | sun duwe kalêthêk yayi | mikir sutanirèki | Si Trijatha jodhonipun | yèn kaparênga uga | sarta yèn sira ngrêmbugi | sun jodhokkên lawan Si Kapi Jêmbawan ||

37. pan lagi sun angkah-angkah | tibaning panari mami | dening putri maksih kênya | dhaup [dha...]

--- 11 ---

[...up] lan wre kaki-kaki | manawa têmah runtik | marma maksih maju mundur | yayi prabu tyas ingwang | yèn mêdharna wêdi yayi | têmah mêngko kasundhulan putranira ||

38. Si Trijatha nandhang brônta | mring yayi Sumitrasiwi | dènira anawan krama | kapati-pati toh pati | marma sawêktu iki | ingsun yayi bangêt busuk | tan kêna tinaria | ribêng wus tan duwe budi | ingsun manut ing karsanira kewala ||

39. hèh ta yayi ing Kiskêndha | sira ngurunana pikir | mring yayi Prabu Ngalêngka | ing sarananira yayi | benjing prakara iki | pakewuh lan ewuhipun | luwih sing pikiring prang | yèn kongsia lêbu gêni | Si Trijatha akarya rêntênging jagad ||

40. karya rudahing wardaya | sèwu susahing prihatin | wau Prabu Wibisana | myang Sugriwa Narapati | kalanira miyarsi | ing timbalan sang aprabu | nênggih Bathara Rama | prasamya ngungun tan sipi | datan ana ingkang agandhèng tyasira ||

3. Kinanthi

1. dhêlêg-dhêlêg samya jêtung | tur sêmbah tumungkul sami | tan ana bisa matura | Narendra Rama amrêdi | hèh yayi Prabu Ngalêngka | tan kêna mênêng sirèki ||

2. kudu katêmpuh ing rêmbug | kang kapenak dèn lakoni | sri bupati ing Ngalêngka | umatur saha wotsari | pukulun sang binathara | botên kenging ingkang abdi ||

--- 12 ---

3. lamun gadhahana rêmbug | sumôngga karsaning gusti | sampun mênggah pun Trijatha | rumaosa andarbèni | sanadyan pun Wibisana | pêjah gêsangipun gusti ||

4. wontên ing karsa pukulun | cumadhong ing siyang ratra |Guru lagu seharusnya: 8i, cumadhong ing siyang ratri. Bathara Ramawijaya | pangandikanira aris | yayi prabu ing Ngalêngka | yèn sira wus anyelaki ||

5. marang ing sutanirèku | ora bisa duwe pikir | ala bêcike apasrah | marang ing sarira mami | ing bekane Si Trijatha | maksih ana kang sun tolih ||

6. sayêkti wajib katêmpuh | marang ingkang dadi wajib | undêrane ing prakara | hèh yayi Sumitrasiwi | katêmpuh marang ing sira | dadining prakara iki ||

7. kang mikira bêcikipun | ilanging prihatin mami | sutanira Si Trijatha | gone kumudu anyèthi | marang sira tampanana | yèn sira ora nampani ||

8. sayêkti sira katêmpuh | mikir ing bêcike yayi | sutanira Si Trijatha | aywa kongsi lêbu gêni | êndi kang sira piliha | iku ing salah sawiji ||

9. Rahadyan Laksmana sadu | mèsêm ing tyas wus kadugi | marang karsane kang raka | umatur saha wotsari | pukulun inggih sandika | kawula katêmpuh pikir ||

10. lamun sarta pasrahipun | ingkang andarbèni wajib | rayi paduka Ngalêngka | Wibisana duk miyarsi |

--- 13 ---

mèsêm gupuh atur sira | anggèr sampun walanggalih ||

11. kawula pasrah satuhu | ing paduka kang abêcik | sampun kang ginalih arja | jurên dèn atêmah siti | putra tuwan pun Trijatha | sumôngga ing siyang ratri ||

12. botên garantês sarambut | Sumitraputra nulya glis | mring kang raka matur nêmbah | lamun parêng ing karsa ji | benjang-enjang amba karya | inggih sayêmbara pilih ||

13. kawula gadhah pukulun | kawanuhan saking wukir | nama Bambang Ekawarna | warninipun langkung pêkik | kêmbar warna myang ing swara | lan kawula wus tan kalih ||

14. ing benjang-enjang pukulun | amba bêktane sumiwi | wontên ing ngarsa paduka | lan kawula jajar linggih | putra tuwan pun Trijatha | paduka dhawuhi milih ||

15. lamun pun Trijatha nuju | kawula ingkang pinilih | sayêkti jodho kawula | lamun nuju kang marêngi | milih Bambang Ekawarna | punika sampun pinasthi ||

16. pun Trijatha jodhonipun | inggih Bambang Ekawarni | Sang Prabu Ramawijaya | mèsêm ing tyas wus andugi | ingkang rayi karsanira | myang Wibisana wus uning ||

17. ingkang dadya karsanipun | Rahadèn Sumitrasiwi | namung Narpati Sugriwa | kang dèrèng andugèng galih | ing karsa Radèn Laksmana | cinipta lamun sayêkti ||

18. kadhatêngan karuhipun |

--- 14 ---

nênggih Bambang Ekawarni | kêmbar lan sariranira | Anggada lawan Maruti | samya mangkana ciptanya | Bathara Rama lingnya ris ||

19. iya yayi manira nut | sayêmbaranira pilih | esuk dèn padha samêkta | sore manjinga jro puri | sarta lawan mitranira | Ekawarna aywa kèri ||

20. myang Ngalêngka yayi prabu | lawan yayi Sugriwa ji | sore manjinga jojro. pura | padha naksènana yayi | Si Trijatha pamilihnya | marang ingkang kêmbar warni ||

21. dene sira yayi Prabu | Brata kang duwe nagari | katêmpuh nyamêktanana | sauparêngganing kardi | sapakolihing dadakan | sadaya ingkang sinung ling ||

22. samya sandika turipun | wus têdhak saking jro puri | Narendra Rama ngadhatyan | pinêthuk ing pramèswari | tan kantun Rêtna Trijatha | apan sampun dèn dhawuhi ||

23. Wibisana praptanipun | ing rêmbagira wus dadi | lawan Narpati Sugriwa | Brata myang Sumitrasiwi | pakewuhing tyasnya dadya | karya sayêmbara pilih ||

24. Laksmana wong mitranipun | aran Bambang Ekawarni | kêmbar rupa myang ing swara | lan Laksmana wus tan kalih | ing benjang-enjang binêkta | mring jro pura jajar linggih ||

25. lamun kang pinilih nuju | mring Trijatha Ekawarni | sayêkti yèn Ekawarna | kang dadi jodhonirèki | yèn panuju pamilihnya | mring Radyan [Ra...]

--- 15 ---

[...dyan] Sumitrasiwi ||

26. pinasthi Sumitrasunu | kang dadya jodhonirèki | Trijatha duk amiyarsa | asrêping tyasira nanging | sumêlangira manawa | kalèru dènira milih ||

27. kang dede Laksmana sadu | milih Bambang Ekawarni | nanging ajrih yèn matura | dadya sandika nglampahi | ing karsa sang binathara | pamuwusira ing galih ||

28. sanadyan benjing kalèru | milih Bambang Ekawarni | osiking driya narima | yèn satuhu kêmbar warni | lan Radyan Sumitraputra | wus pinasthi ing dewa di ||

29. kunêng sajroning kadhatun | warnanên wau ing jawi | Rahadyan Sumitraputra | prapta ing dalêmirèki | nimbali Kapi Jêmbawan | dhêdhêmitan sampun prapti ||

30. ing ngarsa Laksmana sadu | Jêmbawan wus dèn bisiki | ing karsa sang binathara | Jêmbawan aturirèki | mring Radyan Sumitraputra | ing sakarsa pan umiring ||

31. binêktèng pamlêngan sampun | kalihe samya sêmèdi | manidhikara ing dewa | kinêmbara ingkang warni | ing dalu datan winarna | kang lagya brata sêmèdi ||

4. Asmaradana

1. enjangira kang winarni | wadyabala ing Ngayodya | punggawa para mantrine | kang samya samêktèng karya | sadaya wus sampurna | rêrêngganing alun-alun | tarub-tarube sadaya ||

2. jaba jro samêkta sami | tan ana

--- 16 ---

kang kêkurangan | miwah sajroning kadhaton | Putri Mantilidirêja | dènnya marjèng busana | myang rêrêngganirèng gêlung | mring Trijatha wus sampurna ||

3. pawongan parêkan cèthi | sajroning pura sadaya | lam-lamên tumon citrane | kusuma Wara Trijatha | tuhu ayu utama | wus tan kalih lan kang ibu | pramèswari ing Ngalêngka ||

4. pan apsari ing swarga di | garwanira Wibisana | Dèwi Triwati namane | Bathara Ramawijaya | sampun lênggah paningrat | kang ibu têtiga sampun | lênggah munggèng kananira ||

5. kusuma Putri Mantili | lan Trijatha dènnya lênggah | tan têbih munggèng keringe | aglar pawongan ing wuntat | wau ta Prabu Brata | wus angirid lêbêtipun | marang ingkang kêmbar warna ||

6. Wibisana Sugriwa ji | Trunanggada lan Anoman | ingkang umiring lêbête | sagung ingkang pra dipatya | wanara ditya lawan | manungsa sadaya kantun | nênggih anèng pagêlaran ||

7. wau ta kang manjing puri | wus prapta ngabyantarendra | tinata tarap lungguhe | munggèng sangandhaping tundha | têngah kang kêmbar warna | kang kanan Laksmana tuhu | kering Bambang Ekawarna ||

8. Wibisana dènnya linggih | nèng keringe Ekawarna | Prabu Sugriwa sambunge | kang munggèng kanan Laksmana | sira Narpati Brata | Radyan Truna sambungipun | Anoman [A...]

--- 17 ---

[...noman] lawan Anggada ||

9. kalih samya munggèng wuri | sagunging cèthi parêkan | sadaya pra samyanjomblong | miyat ingkang kêmbar warna | dene samya pêkiknya | pasêmon lan cahyanipun | tan mawi gothang satuma ||

10. jambe nom pinara kalih | tambuh ingkang piniliha | myang kang ibu katigane | lan Putri Mantilirêja | mulat kang kêmbar warna | langkung sami ngungunipun | miwah Sang Rêtna Trijatha ||

11. sadangune dènnya nglirik | lamun ningali kang kanan | kumêpyur trênyuh driyane | mulat ngering ya mangkana | trênyuhing wardayabawardayanya. | mulat kanan lênglêng mangu | mulat kering lênglêng brônta ||

12. dadya jêtung tan bisangling | saking kepyan ing wardaya | dènnya mrih ing pamilihe | ingkang satuhu Laksmana | dene sami kewala | Bathara Rama lingnya rum | hèh sutaningsun Trijatha ||

13. êndi ta kang sira pilih | apa kering apa kanan | ingsun angidèni bae | lan iku wong tuwanira | kabèh naksèni padha | marang pamilihirèku | lamun milih ingkang kanan ||

14. iyèku kang pasthi dadi | nini jatukramanira | lamun amilih keringe | iyèku kang masthi dadya | ing jatukramanira | liyane wong atuwamu | jawata naksèni samya ||

15. marang pamilihirèki | Trijatha duk amiyarsa | ingkang uwa pangatage | osiking driya kasêsa |

--- 18 ---

milih kering kang cêlak | lan kang rama lungguhipun | bêbisik mring Dèwi Sinta ||

16. lamun kering kang pinilih | Sang Putri Mantilirêja | mring raka alon ature | punika putra paduka | milih kering kang cêlak | lan ari paduka prabu | ing Ngalêngka lungguhira ||

17. Sri Rama mèsêm lingnya ris | hèh ta yayi Wibisana | sutanira pamilihe | apa wus panuju sira | Wibisana tur sêmbah | inggih gusti kawula nut | mring pun Trijatha kewala ||

18. kang sampun dados tyasnèki | Bathara Ramawijaya | ngandika sarwi angawe | hèh ta yayi kang nèng kiwa | age sira majua | pondhongên garwanirèku | gawanên ing pagulingan ||

19. tur sêmbah tumungkul maksih | Prabu Wibisana ngatag | dawêg radèn dipun age | sampun wontên kang timbalan | pondhongên garwanira | ananging maksih tumungkul | Bathara Rama ngandika ||

20. aja nganggo walang-ati | amondhong ing garwanira | pan wus ana pangatage | yayi Prabu Wibisana | iku martuwanira | maksih datan purun maju | jinawil marang Laksmana ||

21. garjita Ekawarna glis | majêng ing ngarsa tur sêmbuh |Guru lagu seharusnya: 8a, majêng ing ngarsa tur sêmbah. Trijatha sigra pinondhong | binêkta manjing jro pura | anut ing Dèwi Sinta | mring dalêm pungkuranipun | wus pinarnah tilamira ||

22. nèng bale kêncur rinukmi | pan sampun pinajang-pajang | apan [a...]

--- 19 ---

[...pan] kadya kaswargane | wangsul Rêtna Dèwi Sinta | lan sapawonganira | pan amung pawonganipun | kusuma Wara Trijatha ||

23. kawan dasa kantun sami | angayap ing gustinira | wau ta jroning kadhaton | Wibisana lan Sugriwa | Brata Laksmana Truna | Anoman Anggada sampun | linilan ing wêdalira ||

24. Sugriwa wus dèn jarwani | ing Radèn Sumitraputra | ingkang kinarya warnane | Ekawarna yèn Jêmbawan | Narapati Sugriwa | ngungun sapunggawanipun | wêkasane samya suka ||

25. cinatur ing pitung ari | dèniranggung tinimbalan | marang jro pura karamèn | sri bupati ing Ngayodya | nêlas sunggatanira | marang sang narendra tamu | suka sapunggawanira ||

26. wanara ditya prasami | tan ana kang kêkurangan | pinanci ing sasukane | sawusira pitung dina | wau ta kang winarna | kang tansah akaron lulut | kusuma Rêtna Trijatha ||

27. lawan Bambang Ekawarni | nalikanira samana | sêdhêngnya lênggah karongron | aglar parêkan ing ngarsa | Rêtna Dèwi Trijatha | mring priya mèsêm umatur | pukulun kawula tanya ||

28. inggih gèn kawula milih | punapa ta kalêrêsan | lajêng dhatêng sarirane | kang dados têlênging driya | Radèn Sumitraputra | punapa inggih kaliru | dhatêng Bambang Ekawarna ||

29. dipun pasaja inggih |Kurang satu suku kata: dipun pasajaa inggih. sampun mawi

--- 20 ---

walang-driya | ambabarkên mring cèthine | sokur lêrês ingkang dadya | têlênging tyas kawula | Rahadyan Laksmana sadu | nadyan silih kalintua ||

30. pan wus karsaning dewa di | jinodho lan Ekawarna | sayêkti yèn mupus ingong | kang kêmbar warna miyarsa | ature garwanira | kepyaning tyasnya manjêlut | dènnyarsa ngungkurkên rupa ||

5. Pangkur

1. paran ta dadine baya | lêlakone ya awak ingsun iki | yèn ingsun pasaja ngaku | lamun Kapi Jêmbawan | mendah baya sang kusuma merangipun | putri adi maksih kênya | kalap ing wre kaki-kaki ||

2. baya sida lêbu wongwa | lamun ora pasaja awak mami | mring sang rêtna maksih ngaku | yèn Bambang Ekawarna | utawane yèn ngaku Sumitrasunu | dene ta wus pitung dina | gon ingsun sinalin warni ||

3. janjine lamun wus prapta | pitung dina mulih wre awak mami | mendah baya gone kagum | sang dyah mulat maringwang | pitung dina sihing laki maksih kagum | wêkasan salin wanara | ingsun duga sang rêtna di ||

4. sakala suduk jiwanya | bêcik ingsun pasaja ing saiki | sawusnya ngartikèng kalbu | alon ing saurira | dhuh kusuma punapa inggih satuhu | pangandika sang lir rêtna | dènira sih marang dasih ||

5. nadyan silih kalintua | ing pamilih wus narimèng panggalih | inggih anggèr [ang...]

--- 21 ---

[...gèr] yèn satuhu | wau kang pangandika | tan ngewahi ing wuwus kang wus kawuwus | sayêktine dasihira | matur pasaja ing gusti ||

6. malerok Rêtna Trijatha | sarwi nyablèk boya watak wak mami | darbe ujar loro têlu | paran gèn ngingkêdana | wus kabanjur makètên sariraningsun | lawan sarira paduka | sêngkêran tan wontên kèri ||

7. sêkar kincup kongsi mêkar | sari-sari pingitan dèn bêlangkrih | paran ta gène tan mupus | jaba jêro wis rusak | duk miyarsa sang rêtna nulya rinangkul | pan sarwi ingaras-aras | dhuh mirah pêpujan mami ||

8. ingkang asawang kumala | muga-muga tulusa sihing dasih | kusuma sajatinipun | abdine pun Jêmbawan | wus karsaning jawata ingkang linuhung | sinalin warna kinêmbar | lan Radèn Sumitrasiwi ||

9. kinèn among sang lir rêtna | praptaning don tulusa angêmbani | ing gusti sang rêtnaning rum | janmaa kaping sapta | sampun liya andasihna raganingsun | ngêmungna sang lir kusuma | ingkang asih marang dasih ||

10. Trijatha duk amiyarsa | linging kakung kumêpyur tyas tan sipi | muriring sakêthi ngungun | gumêtêr sru rumaras | sarwi maras ing driya sampun kadulu | pasêmonirèng warana | Trijatha niba saryanjrit ||

11. gumuling siti kantaka | parêkane mulat gustinirèki | gumuling nèng siti kantu | anjrit ngrungkêbi samya | mring gustine sadaya [sa...]

--- 22 ---

[...daya] nangis gumuruh | Jêmbawan jêtung kewala | dhêlêg-dhêlêg tan bisangling ||

12. katur ring Bathara Rama | lan kang garwa gupuh dènnya nêdhaki | piyak kang samya angrubung | Jêmbawan maksih dènnya | dhêlêg-dhêlêg munggèng ngarsa andhêkukul | mèsêm Sri Ramawijaya | mulat mring kang malih warni ||

13. wau ta ingkang kantaka | gya rinapu marang Putri Mantili | dhuh Trijatha putraningsun | age sira wungua | aywa mamrih mati salah nganyut tuwuh | siniku dening bathara | tan antuk utamèng pati ||

14. aja kurang panarima | lêlakone sariranira nini | pan wus karsaning dewa gung | narimaa ing titah | pan wus ana ing mêngko panutanipun | apsari dyah Dèwi Tara | karabi Wanara Bali ||

15. ginanti marang Sugriwa | ana maning kusuma Dèwi Tari | apsari dening swarga gung | padha putrèng Hyang Endra | pan karabi wakira Rawana Prabu | ratu buta palawija | dhas sapuluh gêgilani ||

16. karone padha narima | mupus yèn wus karsaning jawata di | ora ta kaya sirèku | gung mamrih mati salah | kang kantaka lamat-lamat pan angrungu | pangandikane kang uwa | kusuma Putri Mantili ||

17. kadya pinêtik karnanya | wungu saking kantaka aningali | mring kang uwa kalihipun | Bathara Rama lawan | Rajaputri Mantili nèng ngarsanipun | Trijatha nungkêmi sigra | nèng pangkon sarwi sru anjrit ||

--- 23 ---

18. pêgat-pêgat aturira | dhuh wa dèwi paran dosèng ngong iki | dene ta binêndu-bêndu | marang wa Prabu Rama | kinarya tan jamak sasamèng tumuwuh | dumèh brônta mring Laksmana | lupute wus dèn andhêmi ||

19. mamrih pati lêbu wongwa | sru ingarih-arih kinèn ngantèni | ing praptane bapaningsun | têmah sinandipaya | ing wa prabu sinamar tingal sinamur | ing wanara kêmbar warna | lan Radèn Sumitrasiwi ||

20. dene ta panganggêp ingwang | ing wa prabu miwah marang sang dèwi | wus sasat mring jawata gung | tan etang yayah rena | mung dhèwèke gusti bapa biyung ingsun | anjanmaa kaping sapta | wus tan duwe tingal malih ||

21. wa prabu batharaningwang | uwa Dèwi Sinta bathari mami | praptaning don raganingsun | sinung sakêthi siksa | sru siniya-siya winirang kalangkung | wa Prabu Ramawijaya | kaniayane tan sipi ||

22. lêng kawula pêjahana | urip dahat duraka anyampuri | ing panjênêngan wa prabu | wau Narendra Rama | duk miyarsa langkung asrêpirèng kalbu | Trijatha rinangkul sigra | pan sarwi ngandika aris ||

23. dhuh Trijatha sutaningwang | aja sira duwe panarka nini | yèn ingsun lawan ibumu | gawe dudu ing sira | apan bênêr linging ibunira mau | wèh pola putraning Endra | Dèwi Tara lawan Tari ||

24. karabi mring Dasamuka | lan kagarwa mring

--- 24 ---

Sugriwa Subali | karone narimèng kalbu | iya sapa kang bisa | ngowahana yèn wis karsaning dewa gung | kaya ta mangkono uga | ing lêlakonira nini ||

25. jinodho lawan Jêmbawan | sadurunge jodho pan wus pinasthi | dening dewa kang linuhung | tan kêna singgahana | yèn nampika satitah sayêkti luput | aja kurang panarima | turutên wuwus ngong iki ||

26. pan ing besuk nini sira | lan Jêmbawan patutan mung sawiji | wanodya ayu pinunjul | kagarwa Prabu Krêsna | Ratu Dwarawati prawira pinunjul | Binathara Danardana | pangidhêpaning para ji ||

27. pan ing kono marganingwang | bisa malês miwah ibunirèki | mring kabêcikanirèku | duk anèng Argasoka | sih rumêksanira marang ing ibumu | anganggêp wong tuwa nata | prasêtya nglabuhi pati ||

28. pamalêse ibunira | besuk nitis marang sutanirèki | dene ta pamalês ingsun | iya nini mring sira | pan satuhu yèn ingsun nitis ing besuk | marang ing Narendra Krêsna | jodho lan putranirèki ||

29. marma nini aja-aja | ing tyasira kadêrêng mamrih pati | tuhunên iku ling ingsun | kusuma Dèwi Sinta | anambungi he Trijatha putraningsun | aywa aningkirkên sira | ing rèh wong tuwanirèki ||

30. tutên sapangandikanya | aturira [atur...]

--- 25 ---

[...ira] ing nguni marang mami | wus nganggêp hyang jawata gung | marang Bathara Rama | lêbur luluh anut ing satuduh ingsun | pagene ing mêngko sira | têka datan anut nini ||

31. ing rèhe wong tuwanira | sayêktine luwih duraka nini | Trijatha dupi angrungu | lingira Dèwi Sinta | rêmêking tyas pinêpês-pêpês wus mupus | cêthaning Narendra Rama | kang pinusthi ing tyas manis ||

6. Dhandhanggula

1. Rêtna Trijatha umatur aris | dhuh pukulun kawula sandika | anglamampahi timbalane |Lebih satu suku kata: anglampahi timbalane. jêng uwa sang aprabu | nanging amba merang tan sipi | yèn taksih anèng praja | srawungan wadya gung | kawula anuwun prênah | mring panggenan pukulun ingkang asêpi | sang prabu duk miyarsa ||

2. lan kang garwa sukane tan sipi | dening Trijatha tyase wus kêna | mituhu ing sakarsane | kang uwa sang aprabu | sigra ngrangkul Putri Mantili | marang Rêtna Trijatha | sarwi ngandika rum | ya mêngkono sutaningwang | bêcik anut mring wong tuwanira nini | ing têmbe nêmu arja ||

3. Bathara Rama ngandika aris | iya nini dumununga sira | gunung kidul kulon kae | lawan lakinirèku | gunung Gadamadana nini | akèh sêndhang pancuran | miwah kang sarwa rum | hèh Jêmbawan poma-poma | anèng kono dèn bangêt amati ragi | sun titip garwanira ||

4. sih rumêksanira

--- 26 ---

dèn abêcik | garwanira putrining narendra | ugungan timur mulane | tan ana tunggalipun | pan ing mêngko kongsi nêmahi | papa anèng asrama | anutakên kakung | iya mulane karyakna | anèng gunung padhepokan ingkang asri | rakitên patamanan ||

5. akèh sumbêr pancuran lan bèji | gunung Gadamadana sarwa na | warna-warna pêthètane | marmane wêkas ingsun | karya dhepok kang luwih asri | supaya garwanira | marêma tyasipun | tumon asrining pratapan | aywa kongsi kangên lêlangêning puri | tutut anèng asrama ||

6. tur sandika Jêmbawan wotsari | wusnya têlas wêlinging narendra | Trijatha ngraup padane | mring kang uwa sang prabu | miwah marang Putri Mantili | kalihe ngêmu waspa | Trijatha wus mundur | saking ngarsane kang uwa | myang Jêmbawan parêng mêsat ing wiyati | ing marga tan winarna ||

7. pan cinêndhak lampahe wus prapti | nênggih ing wukir Gadamadana | wre Jêmbawan lajêng bae | karya ge dhepokipun | pan rinakit lir taman sari | sanggar pamujanira | apan akik wungu | pinindha candhi rinêngga | munggèng têngah talaga sengga botrawi | kinubêng kêmbang-kêmbang ||

8. kêmbang ingkang jinêmbangan sami | jêmbangan akik pinônca warna | kalawan cipta dadine | pêthetane pinatut | nurut kalèn sinêling-sêling | sungsun sapasang-pasang | pasanging

--- 27 ---

sarwa rum | kusuma Wara Trijatha | sampun supe lêlangênirèng jro puri | sêngsêm srining asrama ||

9. ngendhang-endhang nganutakên laki | anèng wukir ing Gadamadana | kang cinipta jro pujane | enggalira sêsunu | wanodya di ayu linuwih | kang badhe tinitisan | marang ingkang ibu | Putri Mantilidirêja | kang kagarwa marang Ratu Dwarawati | Sang Prabu Padmanaba ||

10. ingkang badhe tinitisan benjing | mring kang uwa Sri Ramawijaya | Kapi Jêmbawan tan pae | sajroning puja namung | minta enggalira sêsiwi | kunêng Kapi Jêmbawan | kang sampun dumunung | nèng wukir Gadamadana | lan kang garwa gung ulah puja sêmèdi | gantya ingkang winarna ||

11. ingkang maksih ana ing jro puri | Bathara Rama sapungkurira | Trijatha lan Jêmbawane | lênggah nèng pandhapa gung | animbali sang prabu katri | Wibisana Sugriwa | Brata tiganipun | tan kantun Laksmana Truna | Baliputra Anggada miwah Maruti | kasapta sampun prapta ||

12. jroning pura wus munggèng ngarsa ji | Bathara Rama mèsêm ngandika | marang prabu katigane | nanging liring kang dinut | ing tingale Wibisana ji | yayi prabu katiga | myang sadayanipun | marma sun timbali padha | age-age ingsun katiwasan yayi | pangantènira lunga ||

13. lanang wadon saka jroning puri | durung suwe mau angkatira | dene kang dadi purwane | pangantènira [pa...]

--- 28 ---

[...ngantènira] kakung | sapraptane ing pitung ari | Si Bambang Ekawarna | malih warnanipun | arupa Kapi Jêmbawan | sutanira Si Trijatha datan sipi | dènnya drêng mrih antaka ||

14. mèh tan kêna ingsun tênggalangi | bisane rèrèh ing driyanira | sun tuturi wêkasane | lamun patutan besuk | wanodya tur ayu linuwih | kagarwa Nayarana | Danardana Prabu | iku manut marang ingwang | Si Trijatha anjaluk prênah kang sêpi | merang maksih nèng praja ||

15. panjaluke pan ingsun turuti | atêtapa nèng Gadamadana | gunung kidul kulon kiye | wusnyantuk tuduh ingsun | banjur mangkat saka jro puri | ingsun kon ngantènana | mring sira tan ayun | yayi mung ngapuranira | dene ingsun lilani sutanirèki | durung rêmbug lan sira ||

16. Wibisana wau duk miyarsi | pangandikanya Bathara Rama | tumungkul mèsêm gujênge | sarwi nêmbah umatur | pun Trijatha gusti yèn aming | pinrênah ing aldaka | maksih nugraha gung | pan maksih nèng madyapada | yèn lêrêse prênahna dhasaring bumi | utawi jro samodra ||

17. malah pantêse nèng jawi langit | kinaryaa dhasaring naraka | saking gêngipun dosane | wusnya matur ring Prabu | Wibisana mengo angering | sarya mèsêm turira | mring Sumitrasunu | dhuh anggèr Radèn Laksmana | wagêd têmên amêdhar ruwêting pikir | dènnya [dè...]

--- 29 ---

[...nnya] nyandiupaya ||

18. mring abdine arapêt arêmpit | datan môntra-môntra kawistara | dhamis ing adon-adone | mêmêt anyamut-nyamut | bok inggiha lami sakêdhik | mring Bambang Ekawarna | dènnya paring bagus | sêtun enggale sawulan | têka namung pitung dina salin warni | sakêdhik nganiaya ||

19. pantês ingkang kagum mèh ngêmasi | pitung dina duk sêngsêm pasihan | umiyat ing sarine |Kurang satu suku kata: umiyat ing sarirane. sawuse pitung dalu | tumingale wre kaki-kaki | pantês kagum tibaa | panuju nulya nut | ing rèh sang abinathara | kang miyarsa tumungkul gumujêng sami | mèsêm Radèn Laksmana ||

20. èsêmira pan sarwi angliring | marang kapindra Guwa Kiskêndha | tanggap nampani sêmune | gupuh nambungi wuwus | hèh ta yayi Wibisana ji | sampun dahat sungkawa | mring putrinirèku | dumèh putri mung sajuga | tur dinama-dama têmahan nêmahi | diwasa manggih papa ||

21. pan jinodho lan wre kaki-kaki | ginawa papa martapèng arga | pupusên pan wus karsane | jawata kang linuhung | kula matur ing yayi aji | paman Kapi Jêmbawan | dede wre satuhu | tan pae lawan kawula | apan kadang nak-sanak ingkang suwargi | wak andika jêng rama ||

22. marmanipun kinèn angêmongi | mring kawula miwah mring rakanta | Subali kala larene | Jêmbawan nguni sampun | sinêbut yèn maharsi [mahar...]

--- 30 ---

[...si] luwih | lan utawa jêng rama | amung undha-usuk | ing kawruh miwah tapanya | milanipun pinarcaya angêmongi | mring Bali lan kawula ||

23. saking dening sampun amumpuni | salir aji jaya-kawijayan | miwah ing kapandhitane | sampun nama pinunjul | nuntên sami sadaya manggih | sêsikuning jawata | mring kakang bok tumut | ibunipun pun Anoman | rêbut cupu nèng tlaga sung mala nguni | salin warna wanara ||

24. katri wangsul marêk ing rama mrih | rinuwata ing cintakanira | tan antuk sadaya kinèn | kesah mamrih pinunjul | kasudiranirèng ajurit | prasamya mati raga | lami-lami sinung | pakaryanirèng jawata | mungsuh ing prang satrune Hyang Surapati | yaksendra ing Kiskêndha ||

25. nuntên anglampahi karyèng gusti | ngrabasèng prang nagari Ngalêngka | gêmpur sawadya balane | pun Jêmbawan tan kantun | anglabuhi sabaya pati | punika bokmanawa | katarimanipun | karyane dening jawata | wre wus tuwa jinodho lan putri adi | sêmbada maksih kênya ||

26. Wibisana mèsêm anauri | sadèrènge kula wus uninga | Jêmbawan lamun têdhake | Bathara Surya tuhu | nanging mangke wus kaki-kaki | gumêr ingkang miyarsa | dènnya wawan wuwus | Wibisana lan Sugriwa | adu sêmu adu manise ngrêsêpi | Prabu Rama ngandika ||

27. kajabane [ka...]

--- 31 ---

[...jabane] ingkang iku yayi | ana maning kang dadya tyas ingwang | pira ta mêngko lawase | Ngalêngka bêdhahipun | sun dêdunung ing yayi aji | ngadhaton nèng Ngayodya | Wibisana matur | gusti ing petang kawula | inggih sawêg kalih warsane lumaris | dintêne taksih kirang ||

28. Bathara Rama ngandika malih | sêdhêng sêmono lawase uga | ing wong nunggal kadang anèm | kongsi sêmono iku | yèn luwiha lêsah sayêkti | mokal yèn mangkonoa | tyase yayi prabu | nadyan silih sawindua | sun tunggali ing kono pikirên sami | brantane ing tyas ingwang ||

Lajêng nyandhak Sêrat Rama Duryapura.