Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kalimataya, Anonim, #1533 (Hlm. 152-305)

Katalog:Kalimataya, Anonim, #1533
Sambung:
1.Kalimataya, Anonim, #1533 (Hlm. 001-152). Bahasa dan Budaya | Wayang #1135.
2.Kalimataya, Anonim, #1533 (Hlm. 152-305) . Bahasa dan Budaya | Wayang #1136.
3.Kalimataya, Anonim, #1533 (Hlm. 305-541) . Bahasa dan Budaya | Wayang #1137.
4.Kalimataya, Anonim, #1533 (Hlm. 541-582). Bahasa dan Budaya | Wayang #1138.

16. Mijil

1. tan winarna solahirèng lêtri | enjinge sang katong | sampun miyos anèng pasebane | lawan punggawa Ngastina kalih | wadya Sriwêdari | nguni ingkang kantun ||

2. têngga pura sampun sami nangkil | parentah sang katong | ginêntèkkên lungguhe ramane | ora ana kang ewah satunggil | suka wêdi asih | sagung wadya prabu ||

3. wus warata ondhange sang aji | mring sagung ponang wong | Prabu Citrahoya [Ci...]

--- 153 ---

[...trahoya] ing samangke | dadya ratu anèng Sriwêdari | sakèhira sami | Ngastina kang rawuh ||

4. para wadya sandika ngabêgti | marang sang akatong | tan winarna kabèh sasukane | sri narendra èngêt jroning galih | Sri Arjunapati | nguni tilar sunu ||

5. jalu nama Radèn Kartanadi | anèng jro kadhaton | ing samangke tambuh panggonane | dadya nuduh punggawa satunggil | kinèn angulati | wadya mentar gupuh ||

6. tan winarna wau kang tinuding | ya ta winiraos | Radèn Kêrtanadi lan êmbane | jalu èstri ingkang atut wuri | anèng wisma alit | wismane banipun ||

7. radi têbih sangking ing jro puri | prênahe lor kulon | mila mêdal sangking kadhatone | wit miyarsa wartane ngajurit | kang rama ngêmasi | sawadyane gêmpur ||

8. Sriwêdari sampun dèn gêntèni | kang jumênêng katong | Prabu Citrahoya kadang ipe | mila Radèn [Ra...]

--- 154 ---

[...dèn] langkung sêngit ajrih | manggèn nèng jro puri | mênawi kasiku ||

9. yuswanira Radèn Kartanadi | kakange sapangon | warnanira rêspati asarèh | ruruh kadi Yyang Asmara malih | santa budya sêkti | santika mawiku ||

10. pan utama pratamaning jurit | milane sang anom | nora kiwul sedane ramane | wus angandêl maring ing dewadi | wayah Palgunadi | ambêge pinunjul ||

11. adoh budine marang tan yukti | karêming sang anom | ambêg darma mamêsu budine | ing samangke kakênan prihatin | tilar dhahar guling | ketang ramanipun ||

12. rina wêngi nityasèng manangis | panêdhaning batos | mring jawata atukaantuka. marmane | batinira sambat mring ramaji | langkung kawlasasih | rama putranipun ||

13. êmbanira tansah dènnya nangis | ing ngarsa sang anom | Kyai Menda kang jalu namane |

--- 155 ---

Nyai Sajin namane kang èstri | matur mrêbês mili | nyawa gustiningsun ||

14. kadipundi makatêna gusti | dene tan lumrah wong | pun biyung ban sinêrang wong akèh | kula isin umiyat mring jalmi | sira sun pêraki | pan sami tumambuh ||

15. angangkuhi sadaya tan sudi | mulat kula mengo | kadi dulu warêjit pamine | adhuh gusti suwawi angalih | liyaning nagari | mênawi tan antuk ||

16. sukèng galih sami adol kardi | tan karya rumaos | pan tinimbang nèng kene mangkene | kaègsi-ègsi samining urip | lan tuwan puniki | nyawa ingsun dulu ||

17. botên dhahar miwah botên guling | gêng susah ing batos | pun biyung ban asangêt susahe | botên wande yèn badhe ngêmasi | tanggung-tanggung urip | ngur matia ingsun ||

18. bangêt têmên anèng Sriwêdari | tan mulat maring wong | katon apa ya gustiku

--- 156 ---

kiye | dene têka padha tulus sêngit | dalah para mantri | tan nana kang emut ||

19. tega têmên iya sri bupati | dene tinggal layon | nora èngêt marang ing putrane | adhuh gusti suwawi angalih | angupaya bukti | nêgri liyanipun ||

20. Radèn Kartanadi ngandikaris | wus jamaking uwong | padha lali marang kamulane | narimoa marang ing dewadi | pirangbara benjing | ana uripipun ||

21. dene sira biyung sun tuturi | iya raganingong | iki lagya nandhang susah gêdhe | kangjêng rama tumêka ing lalis | dene kumawani | marang jêng sinuhun ||

22. laku cidra alawan ing jurit | dene nyawaningong | ngayun-ayun sang nata karsane | bokmanawa ginalih wak mami | iya dutèng aji | mênawi binunuh ||

23. pinundhuta pati urip mami | jêr trah dosèng katong | iku [i...]

--- 157 ---

[...ku] biyung kang sun karêpake | pinundhuta ing siyang myang ratri | iya tan gumingsir | milu ramaningsun ||

24. aja sira biyung ngrêribêdi | marang karêp ingong | pasrahêna marang dewa bae | aja sira mèlu gêng prihatin | sun sôngga pribadi | ukume sang prabu ||

25. sira padha salamêta kalih | aja mèlu ingong | Radèn Kartanadi ngandikane | sarwi têbah jaja brêbês mili | lalu gêng prihatin | badane linuluh ||

26. êmbanira kalih angrungkêbi | ing pada sang anom | adhuh anggèr gustiku rahadèn | gih pun biyung botên purun kari | malah andhingini | yèn panduka lampus ||

27. pan kasaru ing praptanirèki | dutaning sang katong | kagyat mulat wau ta sang radèn | tyas kumêpyur gupuh marêpêgi | andhêngkuandhêku (dan di tempat lain). ngurmati | marang duta prabu ||

28. dhinawuhan Radèn Kartanadi | ngandikan ing katong | gugup radèn sandika ature |

--- 158 ---

lajêng ngrasuk busana tumuli | wus kèrit dutaji | lawan êmbanipun ||

29. nora misah sami atut wuri | sru sandeyèng batos | duta nata mangkana karêpe | bangêt têmên gustiningsun iki | tyase ngumalati | wong bagus atulus ||

30. sarirane linuluh pribadi | dene kôngsi cawong | iya sapa kang bisa mangkene | tinilaring rama lawan bibi | ya ta tan winarni | lampahe wus rawuh ||

31. ngabyantarèng nata awotsari | wau ta sang katong | jog tumurun sangking lênggahane | Radèn Kartanadi marêpêgi | lungayanirèki | dyan pinêluk-pêluk ||

32. sri narendra karônta ing galih | mijil waspa katong | Prabu Citrahoya lon wuwuse | adhuh nyawa putraningsun kaki | ywa sandeyèng galih | narimaa masku ||

33. wus karsane jawata kang luwih | ramanira layon | anèng nagri Ngastina janjine | dene [de...]

--- 159 ---

[...ne] karsanira sri bupati | ingsun kang kinardi | gêntèni kaprabun ||

34. amêngkôni nagri Sriwêdari | sangking karsèng katong | dene sira ing mêngko rahadèn | aywa taha-taha sira kaki | akunên sun iki | ramanira kulup ||

35. aywa pae ramanira nguni | babo putraningong | amung benjang sira kang aduwe | pan pun bapa sakêdhap nyêlani | wau ta sang pêkik | tumungkul rawat luh ||

36. alon matur radèn amlasasih | pukulun sang katong | sampun tuwas sandea galihe | ila-ila darbea pun dasih | cipta ingkang kadi | sabda jêng pukulun ||

37. amung gêtêring tyas amba gusti | ngandikan sang katong | nalikane ing wau angkate | sangking wisma kèrit duta aji | amung ngèsthi pati | manawi sang prabu ||

38. angarsakna ingkang pati urip | rèhne rama katong | sakadange ing wau pêjahe | kumawawa [ku...]

--- 160 ---

[...mawawa] durcarèng nêrpati | tingkahe tan bêcik | ngangge wowor sambu ||

39. dadya kawula punika gusti | trahing dosa katong | mila sakêlangkung gumêtêre | siyang latri mung ngayap ing pati | mung anganti-anti | timbalan pukulun ||

40. inggih mundhut ingkang pati urip | kawula sang katong | sampun saos ing ngasta kalihe | sintên ingkang yogya andarbèni | pêjahe pun dasih | pan namung sang prabu ||

41. duka karsa marang wadya alit | sayêkti sang katong | amisesa nadyan saisine | sadayanya prajaning narpati | mung panduka gusti | kang among amêngku ||

42. duk samana kang sami miyarsi | ature sang anom | trênyuh ing tyas karêrantan kabèh | marang Prabu Arjuna ing nguni | samya brêbês mili | kasmaran kêlangkung ||

17. Asmaradana

1. nanging padha dèn aririh | iku nora kawicara | adhuh nyawa gustiningong |

--- 161 ---

dene têka kawlasarsa | tegane ingkang ninggal | muga-muga jawata gung | paringa nugrahanira ||

2. marang putra Sriwêdari | iya Radèn Kartanadya | benjing jumênênga katong | kathah kang ingucapêna | trênyuhing para wadya | mangkana malih umatur | rahadèn marang sang nata ||

3. dhuh pukulun sri bupati | karsanipun Kartanadya | duk praptèng byantara katong | samêndhang datan anyana | dhumatêng ing antaka | amung sumungkêm sumujut | gusti pangadhêpan amba ||

4. sakathahipun asisip | patikbra nuwun agsama | dhatêng wong atuwaningong | kalihan amba priyôngga | nuwun dèn dasihêna | alon ngandika sang prabu | sarwi nênga nênggak waspa ||

5. adhuh nyawa putra mami | pun bapa kulup prasêtya | amung sira yoganingong | benjang jumênênga nata | anèng Batukawarsa |

--- 162 ---

sira ingkang darbe masku | kaprabone ramanira ||

6. yêgti tan bêbakal kaki | nanging mêngko putraningong | payo ingsun gawa anggèr | seba mring nagri Ngastina | sinaua suwita | dimèn kauningan kulup | marang kangjêng sri narendra ||

7. wikana sri narapati | yèn sira kang darbe praja | ing Batukawarsa kiye | lawan sira wus diwasa | pantês jumênêng nata | anèng Sriwêdari kulup | rahadèn matur sandika ||

8. sang nata ngandika malih | kaki ing wawêkas ingwang | benjang sira putraningong | manawa kulup katampan | ênggonira suwita | marang kangjêng sang aprabu | dhuh anggèr dipun waspada ||

9. marang ugêring andasih | dèn bisa anuju karsa | lawan aja laran atèn | luput kaki wong ngawula | yèn darbea sak ing tyas | miwah

--- 163 ---

tan bisa anuju | ing karsane sri narendra ||

10. yèku tiwase wong ngabdi | tuna kawruh dadi rusak | nora manjing ajur-ajèr | luputa padha sapisan | paitan tanpa tuwas | nêdyoa anguyu-uyu | sayêgtine wus kangelan ||

11. abot kaki wong andasih | mrihên kênane sapisan | kêlamun sira waspaos | sêlamine kabênêran | kinawula mring rowang | sakarsa-karsane antuk | sasat milu bapa biyang ||

12. tan ana rêntênging galih | yèn kabênêran sapisan | sasat milu wong tuwane | lamun wus antuk sapisan | dènira angawula | kari bathine angumbuk | saurip tan kêna têlas ||

13. dene wus don-adon manjing | ewamêngkono nakingwang | rèh wêweka ywa kasupèn | elinga salaminira | paitane [paita...]

--- 164 ---

[...ne] wong gêsang | sasana ing badanipun | yèku rewange ngawula ||

14. èsthinên raina wêngi | yèn kongsia kasamadan | nyuda-nyuda tabêrine | kurang kawruh dadi tuna | ngêlirna ing pakaryan | upamane wong prang pupuh | ajêg gêlare tan owah ||

15. gêgamane warni-warni | senapatine utama | iku abot sêsanggane | yèn kewran barise obah | senapatine giras | tinêmpuh barise kuwur | mangkono lamun ngagêsang ||

16. badan gêlaring ngajurit | manggala manah kang eklas | kêlamun awak kalêson | uwas datan kasandhangan | atine banjur giras | nêmpuh byat marang laku dur | tan wurung sampyuh lan awak ||

17. yèn awake sirna kaki | dadi rusak ingkang gêlar | wus cinupêt lêlakone | jêr senapatine ilang | senapatiku napas |

--- 165 ---

badan ilang napasipun | cupêt datan winicara ||

18. lah iku ilingênelingên. kaki | ana maning yèn kawula | kang aran suwita anggèr | iku dudu sri narendra | kang padha sinuwitan | dene kulup sang aprabu | iku ora pêngengeran ||

19. dununge suwita nênggih | marang rewange ngawula | sinusupan sakarsane | kinulit daging ingarah | awit milu rêrowang | yêgti tunggal dadi campur | sasat tunggal yayah rena ||

20. tan ana kang graitani | karsa ala ingalanan | yêgti adoh kang mêngkono | wruhanira pangawulan | nadyan sira tuk manah | marang kangjêng sang sinuhun | ingugung dèn êla-êla ||

21. pinarcaya sinungan sih | ingugung tan sita-sita | yèn tan antuk lan rowange | iku asih sêsampiran | gunaning mung sakêdhap | nuli ana kang sêsiku | sathithik nora patia ||

22. nulya rowangira sami |

--- 166 ---

ingkang antuk sihing nata | sayêgti biyantu kabèh | ing sêsiku sri narendra | matur padha mrih ala | nora kewran karya luput | tan wande silêming praja ||

23. jêr ratu atining bumi | iya pêpakuning jagat | batur rowang iku kabèh | sisipe mring wong akathah | pae lawan kang wikan | ing rèh dèn sarèha kulup | kang antuk gusti lan rowang ||

24. kabèh padha wêdi asih | sanadyan kabèh antuka | sakêthi siku sang katong | tatularing badanira | jêr rowang kang amirma | yêgti lilih dukanipun | kabyatan sih ing ngakathah ||

25. abot kaki wong andasih | tan wong siji kinawulan | kudu pinangeran kabèh | kang kumêlip kang angucap | kang kungkulan ing nata | kawulanana sêdarum | prihên lêstari ing tindak ||

26. wruhanira anak mami | pambêgkane [pambê...]

--- 167 ---

[...gkane] wong tumitah | yaiku padha karêpe | tan ana kang beda-beda | lawan tan ana nêdya | gêlêm asor ing pangawruh | mulane dipun waspada ||

27. ugêring urip puniki | aja ngêgungkên sarira | sumbung ing tyas tanpa gawe | ngrasa tan ana kang madha | gung luhur pangawikan | ingsun dhewe kang pinunjul | iya ingsun kang widagda ||

28. ingsun dhewe kang linuwih | sapa ingkang kaya ingwang | kang mangkono dipun adoh | iku pikir pêdarakan | lali pangadhêpira | iya jawata linuhung | yêgti akèh titahira ||

29. tan ngamungakên sawiji | kang sinèrèn pangawikan | kagunan miwah kasêgtèn | pêpangkataning nugraha | yêgti sami kewala | luhur malih ana luhur | kawirya-wiryan tan kurang ||

30. ana gêdhe-gêdhe malih | kang guna-guna ya kathah | mulane tumitah kiye | èngêta titipaning hyang | lamun sinung

--- 168 ---

nugraha | dudu sira kang anêbut | iku pamawasing liyan ||

31. têtêpe ingaran luwih | jêr sinêbut ing ngakathah | satuhu yèn punjul dhewe | yèn muhunga asung aran | ala-alaning janma | wong ngawula tan pêkantuk | lawan karsane srinata ||

18. Sinom

1. ya ta Radèn Kartanadya | Rajaputra Sriwêdari | sadangunira miyarsa | wuwulange sri bupati | tumungkul matur aris | rahadèn sarwi wotsantun | linuluh sariranya | dhuh pukulun sri bupati | kang pinasthi dadya pangeran kawula ||

2. mugi pun patik sagêda | mituhu dhawuh sang aji | prasasat dhawuh kaping pat | drêsing sabda mrih basuki | nêdya anglêsanani | pun Kartanadi pukulun | miriba pangandika | ingkaingkang. ngumala linuwih | wawêkase sagung ingkang kautaman ||

3. pukulun yèn mangkatêna | kangjêng rama kang wus swargi | sakadange tanpa guna | nir waskithaning [waskitha...]

--- 169 ---

[...ning] dumadi | têmah anêniwasi | sêlamine kurang kawruh | wêruhe nyayawarangayawara. | milane linampu lalis | tanpa rungu ing wêwarah haru-hara ||

4. ngandika Sri Citrahoya | iku ora kêna kaki | tinutuha ramanira | ênggone alaku sandi | kôngsi anêniwasi | yèku prajurit pinunjul | miwah Patih Suwônda | nêtêpi santosèng budi | satriyadi tinêmah mati ing rana ||

5. wong ingandêl ulah praja | kang nami Suwônda Patih | santosa ulah wêweka | wani pêrang wani mati | mung kurang ngati-ati | kagupuhên kang kayungyun | nanging luwih prayoga | lamun ingandêl nêrpati | bêg niyaka ngrungkêbi labuh nagara ||

6. sangking sru rumêgsanira | ing kagungan sri bupati | ambêging nayaka tôntra | kang kaya Suwônda Patih | ing driya nora

--- 170 ---

gingsir | ing rèh prawira pinunjul | amung ta kurang timbang | kang dadi lawaning jurit | mung sajumput wani amungsuh sajagat ||

7. paran kinarya mênanga | kulup pira tosing wêsi | pinalu sakêthi praja | yêgti ajur tan ngundhili | mulane dipun eling | kaki suwita ing ratu | dèn bisa amèt môngsa | angon antarane mangkin | tabêria amawas ingkaingkang. wêkasan ||

8. kang sinêbut ing utomautama. | iya kang wruh ing wahini | sadurunge kinawruhan | praptaning don nora sisip | panitikan patitis | solah tindak lawan tanduk | dêduga mardi basa | kabèh wus winêngku sami | nora angèl tibane nèng pasamuwan ||

9. mangkana kang sami myarsa | para wadya Sriwêdari | marang pangandika nata | samya ngungun brêbês mili | asru gêgêtun sami | ing solah kang wus kalaju | ing mangke sami nêdya |

--- 171 ---

anut karsane sabdaji | amamingêt ing driya amrih utama ||

10. têkan wadyaning punggawa | kang miyarsa sami miris | bêbêg wong ing sanêgara | êntègêntèk. tyase sami miris | sangking pangandikaji | gambira amrih rahayu | kayungyun kaèngêtan | kang kadi sabdaning ngaji | pan mangkana sang nata malih ngandika ||

11. hèh kulup lamun sêmbada | babo ing tyas sira kaki | lah alapên putraningwang | kang aran Ni Citrawati | kagarwoa sirèki | dadi iya nora tanggung | gonira mamèt bapa | maringsun tan nguciwani | Radèn Kartanadi umatur sandika ||

12. nênggih inggaling carita | sêmana ing Sriwêdari | karamèn miwaha putra | anutug kasukanèki | drawina amênuhi | sapraja suka kêlangkung | bisane sri narendra | dènnya mrih sih mirapêti | amêmantu putrane Arjunapatya ||

13. dhinaub [dhinau...]

--- 172 ---

[...b] lan putranira | wanodya ayu rêspati | karsane Sri Citrahoya | ngiras ambabungah dasih | kinumpul dèn ayomi | ingajak bujana nayup | nutug sukaning karsa | lamine datan winarni | sri narendra lajêng parentah samêgta ||

14. tata-tata kang binêgta | pèni-pèni Sriwêdari | sagung ingkang rajabrana | guru bakal guru dadi | kabèh sajroning puri | winêdalakên sadarum | badhe katur sêdaya | marang Ngastina nêgari | ewon kêthèn yutan minôngka jarahan ||

15. sampun rinakit sadaya | tuwin jêmpana kêkalih | badhe titihan sang rêtna | kang satunggal kang nitihi | Sang Rêtna Citrawati | putranira sang aprabu | kang mêntas pinangantyan | umiring ing rama aji | wus miranti sapraja kang para wadya ||

16. pinatah sampun saninggasaniga. | tuwin kang kari ing wuri | mangkana Sri Citrahoya |

--- 173 ---

nimbali putranirèki | Sang Rêtna Citrawati | wus sarêng lan garwanipun | Rahadèn Kartanadya | praptèng ngarsanira aji | sakalihan sarêng mêndhak ngaras pada ||

17. sang nata alon ngandika | babo putraningsun nini | milua ing lakinira | mring nagri Ngastina nini | ywa pisah sira nini | anuta paraning kakung | lawan pitutur ingwang | nyawa dèn bisa alaki | kawruhana naninini. tiwasing wanodya ||

18. iya rèhning wong akrama | tuna tiwasing pawèstri | kang weya ing badanira | kurang rumêgsane nini | ana alane malih | kumawasa maring kakung | sungkan yèn kaungkulan | mring priya nêdya anindhih | pan sakêdhik wicara lumuh kasoran ||

19. iku setan lenggot bawa | nyana sasmitantuk kardi | nuli karêm maring paran | anyatur alaning laki | tanpa wis sabên ari | nini kang mangkono iku | èstri kêna ingaran |

--- 174 ---

jaja badane sayêkti | panêdhane ingalêma maring liyan ||

20. sangking tiwasing wong ika | iya lamun sami èstri | kang padha angalêmanaangalêmbana. | yèn priyayi layan nini | mèlu ngalêm ngrujuki | yêgti antuk dosèng kakung | yèku jina wong cacat | saru sinêrang ing bumi | kang mangkono yogya nini singkirana ||

21. wruhanira putraningwang | papa cintrakaning èstri | kang tanpa ingêmong priya | dadya pocapaning jalmi | katon alanirèki | yèn alumuh marang kakung | nora priyane ika | kang padha rinasan sisip | sayêgtine amung alaning wanodya ||

22. pêsthi kêna ing rêrasan | cacat ingkang catur warni | yèn wanodya kang mangkana | kang dhingin candhala budi | lumuh pangrèhing laki | dene kaping kalihipun | manawa darbe cacat | apês pangolahing èstri | kaping tiga tinarka yèn wong mangkana ||

23. mêdharkên [mê...]

--- 175 ---

[...dharkên] wadining priya | karya tiwasing ngaurip | dene ingkang catur warna | ala rêrasan ing jalmi | sangking karêm alaki | karêm kurang maring kakung | kumudu salin priya | dhuh nyawa nini dèn eling | aja pisan nini akarya mangkana ||

24. wardayanta putraningwang | gadhuhna marang ing laki | pasraha sajiwa raga | nadyan tumêka ing pati | yèku luwih utami | ngêmasana anèng kakung | sèwu ingaran kuna | wanodya mangkono nini | nora larang sinudarsana ing jagat ||

25. sênadyan silih antuka | mêmaru sakêthi putri | aywa sira darbe êsak | luput jênênging pawèstri | mambêng karsaning laki | iku wêwirang angumbuk | wêwadi kang rinêbat | prandene kudu ngijèni | kapyarsoa ing liyan dadi pocapan ||

26. saijab alaning ala | sasat lalêthêk sukêr jis | ingkang

--- 176 ---

sinêbut utama | pan iya catur prakawis | ugêre wong akrami | èngêta salaminipun | mendah anêtêpana | saloka kang catur warni | nora tuna dèn tohi samodra êrah ||

27. kang dhingin nandhanga wuta | lire ywa duwe pangèksi | liya lawan kakungira | nadyan ala lawan bêcik | netra iku mamingin | amêmarahi mring luput | sêdhêng luwih prayoga | nanging liya maring laki | nora wurung antuk sêsikuning garwa ||

28. dununging paningalira | mawasa karsaning laki | dadya bisa amèt môngsa | dene ingkang kaping kalih | sira nandhanga tuli | lire tuli tanpa ngrungu | sakèhe pamiyarsa | iku anênangi budi | nora bêcik lamun suwita ing priya ||

29. salah wèngwèng pamiyarsa | iku luput ing akrami |

--- 177 ---

angêndhokkên barang karya | nênungkul suwitèng laki | dene ingkang kaping tri | nini anandhanga bisu | lire bisu wêcana | kang cinêgah dèn wêriti | aja nganti kawêtu tanpa ukara ||

30. gêrabah karêm guyonan | aja dumèh bisa angling | wanodya datan prayoga | karya weyaning akrami | sayêgti antuk sisip | pangolah suwitèng kakung | dene warna kaping pat | nandhanga lumpuh sirèki | lire lumpuh iku nyêgah lampahira ||

31. aywa karêm lêlangênan | kakesahan tanpa kardi | tuna bêgtine mring priya | watake lamun pawèstri | kakêrêpên lumaris | tanpa môngsa sobèng lurung | kathah karsane uga | lawan karsane tan bêcik | pae lawan pajangan adola karya ||

32. wawratên sariranira | mulane ngaran priyayi | iku pilihane

--- 178 ---

jalma | tuwin èngêta sirèki | tinitahakên èstri | yêkti winêngku ing kakung | aywa adarbe karsa | anuta sarèhing laki | nadyan silih alakia punakawan ||

33. jêr iku sawarganira | wus pinasthi guru dadi | wênang amisesèng sira | lawan elinga sirèki | tan tulus sira nini | tinunggu marang wong sêpuh | wêkasan padha pisah | mulane dipun nastiti | dèn kayungyun marang mêmanising priya ||

19. Dhandhanggula

1. pan cinêndhak wulange sang aji | mring sang putra risang pinangantyan | sampun munya têngarane | para wadya gumuruh | wus samêgta badhe lumaris | sêmana tan winarna | ing antaranipun | Sang Aprabu Citrahoya | abudhalan sagarwa putranirèki | dèn iring wadyabala ||

--- 179 ---

2. sri gumuruh swaraning lumaris | asri kawuryan samarga-marga | datan kawarna lampahe | ing Ngastina wus rawuh | duk sêmana nuju marêngi | ing dina pasewakan | pôncaniti pênuh | sang nata miyôs sineba | pêpak sagung para nata para ari | tan pae ing sabênnya ||

3. Sang Aprabu Citrahoya aglis | laju marêg ing byantara nata | ngirit jêmpana kalihe | Sri Krêsna kagyat dulu | angandika sirèku prapti | bagea Citarahoya | anèng ngarsaningsun | nuhun Sri Batukawarsa | lajêng matur sarèhning dinuta nguni | wiwitan lan wêkasan ||

4. kôngsi praptèng wiwahaning siwi | sri bathara suka duk wuninga | nata alon timbalane | jêmpana kalihipun | lêbokêna maring

--- 180 ---

jro puri | lajêng sami tumandang | wus manjing gêdhatunkêdhatun. | Sri Krêsna malih ngandika | brana iku karyanên busanèng nêgri | iya Batukawarsa ||

5. lawan sira lumungsura mangkin | mring mantunira Sri Kartanadya | iku wajib kang aduwe | sira dadia ratu | Parangguwa luwih prayogi | padha sangking wong tuwa | mangkana sang prabu | umatur sumôngga karsa | duk sêmana sampun ingestrenan sami | adêge kalihira ||

6. Prabu Kartanadi Sriwêdari | Prabu Citrahoya Parangguwa | sampun sujut sakalihe | langkung suka anutug | wus mangkana sri narapati | jêngkar kondur ngadhatyan | bubar para ratu | amakuwon sowang-sowang | Prabu Citrahoya lan mantunirèki | anunggil pamondhokan ||

7. wus mangkana kang cinatur mangkin |

--- 181 ---

pramèswari ing Batukawarsa | pan sampun dhinaupake | lawan Arjuna sampun | rarênggane datan winarni | sang dyah lawan Sang Parta | samya sukanipun | tan pêgat manêkumanêngku. raras | karêsikankarasikan. karoron kang sih |Kurang tiga suku kata: karasikan karoron salulut kang sih. sinihan ing sakarsa ||

8. upama kang mintuna lan mimi | dènnya kahardèng turidas masmara |Lebih satu suku kata: dènnya kahardèng turidasmara. amoring tyas sakarone | ri sêdhêngnya jinurung | sinêmbadan panganti-anti | mila gung don asmara | sakarsa anutukanutug. | tansah dènnya pulang raras | dina-dina pan kadya nganyar-anyari | sang dyah lawan Arjuna ||

9. lir sudama sinawunging sasi | yayah tan kêna bênggang kalihnya | dènnya rumakêt alèngkèt | kèkèt lir pendah pulut | pêpulêtan wilêting kang sih | datan karagan-ragan | wuntar ragu-ragu | rêregone [rêrego...]

--- 182 ---

[...ne] nora nana | Sang Arjuna lawan Dèwi Citarahoyi | putri ing Parangguwa ||

10. sruning lami samya nandhang kingkin | ing samangke lagi katutugan | tumrênyêp sakarongrone | mangantu-antu nutug | kadurusan graitanèki | kinawruh pangarahnya | tinutug winantu | têntrêm kongas mara tilam | tan winarna lamine dènnya karonsih | sinihan marang garwa ||

11. duk samana nuju salin warsi | taun surya nênggih kang kaetang | winursita sêngkalane | catur gunaning wiku |Sengkalan: catur gunaning wiku (734 A.D.). catur côndra sangkalanèki | wiku gatining arga |Sengkalan: wiku gatining arga (754 A.J.). tata kang winuwus | nêngêna nagri Ngastina | ênêngêna wontên ratu sura sêgti | agêng nagaranira ||

12. pan kinacèk samaning narpati | binathara Ngima Imantaka | nagri jêmbar jajahane | gêmah

--- 183 ---

arja kêlangkung | nênggih ingkang jumênêng aji | Niladati Kawaca | namane sang prabu | ing nguni ingkang pêptra | Sang Aprabu Niwata Kawaca Aji | sêgsedrasêgsendra. Ngimantaka ||

13. Prabu Niladati Kawacaji | sumbagèngrat prakosèng ngayuda | widagda ing satru kabèh | mangkana sang aprabu | duk ing ari Soma anangkil | pêpak wadyabalanya | manungsa lan diyu | patih kalih munggèng ngarsa | mantrimuka manungsa wastanirèki | anênggih pun Karyana ||

14. patih rasêgsa wastanirèki | Kala Swedha sami prakosanya | ing ngaprang pilih tandhinge | miwah panêkaripun | samya guna prakosèng jurit | nate nguwisi karya | nalika ingutus | ngrusak jajahane mêngsah | bêdhah praja ulihe amboyong putri | kabèh punggawanira ||

15. wus mangkana dènira tinangkil |

--- 184 ---

Sang Raja Niladati Kawaca | siniwèng wadyabalane | supênuh ngarsanipun | pra punggawa satriya mantri | dênawa lan manungasa |Lebih satu suku kata: dênawa lan manungsa. samya agul-agul | kadya angsahing ayuda | ya ta wau sang yêksa-dipa lingnya ris | marang wadya manungsa ||

16. hèh sira wruh patih ingkang warti | narendrane nagara Ngastina | sapa ingkang nurunake | kya patih nêmbah matur | inggih amba midhangêt warti | apan kadange tuwa | lawan pun Partèku | nama Prabu Yudhisthira | ing pawarti ratu ambêg sura sêkti | budiman paripurna ||

17. sang yêksèngdrayaksendra. angandika malih | hèh kya patih mêngko karsaningwang | padha samêktaa age | pan ingsun arsa nglurug | mring Ngastina malês ing pati | mrawasa Si Arjuna | sun sirnakne besuk | iya sôngka marcapada | duk ing nguni rama prabu sing matèni | Si Parta

--- 185 ---

satruningrat ||

18. prange anèng Suralaya nguni | nalikane amitaaminta. Supraba | Si Parta asalah gawe | milu nanggulang pupuh | kangjêng rama praptaning lalis | lah mêngko karsaningwang | kabèh wadyaningsun | padha samêgtoa yuda | tur sandika sadaya sami miranti | wadya wil lan manungsa ||

19. sawusira samêgta ing jurit | sagung wadya Ngimaimantaka | bala wil lan manungsane | sigra budhal sang prabu | tri gumuruh swaraning baris | yayah manêngkêr wiyat | kang katrajang gêmpur | wana têmah ara-ara | sato-sato lumajêng nêbih ing margi | giris mulat ing ditya ||

20. ara-ara sajroning wanadri | gêmpur tumpur rusak kasulayah | miris para rêsi kabèh | dene pratapanipun | kaèbêgkan wadya rasêgsi | krura jarah angrayah |

--- 186 ---

rêrusak angrusuh | dene kang bala manungsa | nut ing gusti sêdyanira ngrêrusuhi | ajrih têbih gustinya ||

21. tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta jajahan Ngastina | tan taha baris solahe | lajêng nyêlak anglarug | ambêbahak samargi-margi | ngrêrayah angrêrusak | gègèr urut dhusun | samya ngungsi jroning praja | giris mulat praptane wadya rasêgsi | busêkan asarsaran ||

22. wus kawarta sajroning nêgari | lamun wontên mêngsah agêng prapta | tanpa wilangan balane | wadya tamping lumayu | tur uninga marang sang aji | nuju miyos sewaka | pôncaniti pênuh | bêlabar kang wadyabala | lir samodra wutah ngêlèbingêlêbi. wanadri | untape wong Ngastina ||

23. ingkang samya sumewèng narpati | para ari myang raka

--- 187 ---

kalihnya | miwah wadyabala andhèr | ngalun-alun lir mêndhung | angêndhanu nglimputi bumi | tuwin kang busana bra | yayah nguwung-uwung | mangkana palayunira | mantri tamping wus prapta byantara aji | umatur awotsêkar ||

24. dhuh pukulun sang pati nêrpati | sri bathara ngaturakên pêjah | inggih sangking sru tiwase | wontên mêngsah gêng rawuh | warni ditya langkung sinêgti | lajêng angêpang kitha | ing sawadyanipun | ing mangke gusti kawula | ngatas karsa panduka inggih mênawi | kang mêngsah sêlak dadra ||

25. solahing ditya anggêgirisi | arda puwa-puwa angrêrusak | gusti yèn kinèndêlake | tan wande lajêng gêmpur | kunêng turnya kang mantri tamping | ya ta Sang Yudhisthira | kagyat duk angrungu | gugup Sri Bathara Krêsna | sigra

--- 188 ---

dènnya parentah kang para ari | miwah kang wadyabala ||

26. Prabu Baladewa kang nauri | papagêna ripu ingkang prapta | lawan Sang Sena kanthine | sakawan sang aprabu | ing Mandraka ingkang tinuding | kinèn sami mangguta | yudane kang mungsuh | kalima Si Dananjaya | kanêmipun Radèn Sêtyaka lan malih | Sang Prabu Lesanpura ||

27. Prabu Praswapati Gilingwêsi | Sayakèsthi ing Mukapratala | lawan Rajèng Sriwêdarine |Lebih satu suku kata: lan Rajèng Sriwêdarine. Sri Kartanadi Prabu | lan marsêpuh Citrahoyaji | natèng ing Parangguwa | samya kinèn manggut | mahwahmiwah. wadya durandara | andalêdêg prajurit kang para aji | gul-anggulgul-agul. ing Ngastina ||

28. tur sandika sêdaya paraji | sri narendra kundur angêdhatyan | Prabu Baladewa age | apêpak punggawa gung | para nata lan para ari |

--- 189 ---

sawusira sasmita | lajêng têngara sru | obah ingkang wadyabala | kadya bêlah ngakasa orêg anygonjinganggonjing. | kancikan bala tata ||

29. wadyabala Ngastina gêng alit | datan ana kang nêdya karia | suka mèlu manggut kabèh | sangking gêng suranipun | wus mangkana budhal kang baris | gumuruh swaranira | kadya guntur kêtug | asri busananing aprang | umbul-umbul bandera daludag asri | yayah wangkawa ngampar ||

30. tan winarna lampahirèng baris | sampun prapta jawining nêgara | obah kang mêngsah wadyane | gumêr arêbut dhucung | amrahamrih. papan anata baris | ya ta Sri Baladewa | sêgsana angutus | wadya kinèn anêlika | marang mungsuh têka ngêndi lawan malih | ngawasna gêlarira ||

31. kang dinuta wus mentar lumaris | sampun mamor bêbarisan mêngsah | tan antara wangsul [wang...]

--- 190 ---

[...sul] age | sêdaya wus kacakup | lajêng matur lawan sang aji | sangking Ngima Imantaka |Lebih satu suku kata: sangking Ngimamantaka. dene gêlaripun | awantah tanpa tinata | dêstun namung barubuh badhene gusti | taledhor tanpa gêlar ||

32. wus apajêg baris kang umijil | ya ta wadya mêngsah tur uninga | marang ing senapatine | lamun bala jro mêtu | samya ngatag karsane gusti | punapa lajêng mapag | mung ngêntosi dhawuh | sigra katur sang yêgsèngdrayaksendra. | Sri Bupati Niladatikwaca glis |Kurang satu suku kata: Sri Bupati Niladati Kawaca glis. parentah kinèn mangsah ||

33. sampun wangsul caraka nulya glis | aparentah kinèn manggut ing prang | sasmita têngara age | sauran tri gumuruh | kêndhang gonge agung ngebati | bèrinya mawurahan | sigra mangsah ngamuk | wadya jro kitha wus mulat | sigra mangsah mungsuh tumandang mangungkih | ambyuk bala Ngastina ||

--- 191 ---

34. angêbyuki kang bala rasêgsi | gumaludhug lir pangguting arga | parêng wor yuda kalihe | golong pipit gumulung | lêng-ulêngan kadya mangungkih | kukuh kakah kakahan | kathah kang kasambut | kapupu ing ngadilaga | wadya ditya kaprawasa soring jurit | ngangsêg yuda kênaka ||

20. Pangkur

1. bramantya Patih Kardhana | duk tumingal wadya akèh ngêmasi | angatag kang punggawa gung | mangsah para prawira | amakanjar Kala Bêndana umanggut | ing ngrana ngikal bêdhama | birawa agêng ainggil ||

2. gidrah bêsus singa laga | nêmpuh wadya Ngastina bosah-basih | kathah kang ngungsi ing pungkur | duka Sri Baladewa | wruh ing karsa Citrahoya Sang Aprabu | mangsah lan Sri Kartanadya | amawa limpung sinêgti ||

--- 192 ---

3. Kala Bêndana tumingal | marang mungsuh gambira sru mangungkih | dèn but kalih yudanipun | tan kewran ing ngayuda | rame pupuh-pinupuh sarêng ambêntur | Sri Batukawarsa yitna | bêbêntur kinipat kêni ||

4. tugêl tan môngga puliha | Prabu Kartanadi sigra mangungkih | Sang Kalasoba linimpung | kêna janggane pagas | rikat Kala Bêndana asru mangiwul | wruh arine kapracondhang | kurdha wus tan nêdya urip ||

5. kotbuta sigra narajang | Prabu Citrahoya prayitnèng wèsthi | Kala Bêndana ambêntur | bêdhama tinadhahan | sru kinapat ing limpung bêdama sumyur | winalês Kala Bêndana | sinawat limpung ngênèni ||

6. jaja bêngkah ngêmprak-êmprak | jola anggro Kala Bêndana mati | Kala Keya mangsah

--- 193 ---

gupuh | sarêng Kala Hiyagsa | tiga Kala Daru mangsah lajêng ngamuk | tan kewran Sri Parangguwa | miwah Notèng Sriwêdari ||

7. sigra Prabu Lesanpura | tulung ing prang umangsah mandhi bindi | nlabung ing yuda amupuh | Kala Keya kang kêna | sirah rêmuk polo muncrat amalêdug | Kala Hiyagsa umangsah | naut nulya dèn barêngi ||

8. ing limpung Sri Kartanadya | kapisanan iyagsa angêmasi | Kala Daru mangsahipun | sigra Sri Citrahoya | anguncali limpung Kala Daru lampus | ngisis prawira rasêgsa | giris prasamya angisis ||

9. kya patih malih parentah | kinèn mangsah ngantêpa apêpulih | Kalandaragni umanggut | lawan Wiragajagsa | Gardameha prawira yêgsa angamuk | ing gada sura tan taha | panggah Sang Prabu Sêtyaki ||

10. miwah Prabu [Pra...]

--- 194 ---

[...bu] Citrahoya | Prabu Kartanadi sarêng mangungkih | anapung Brajadêntèku | miwah Sang Kala Weya | Gathumuka prawira sarêng umanggut | dadya kinarubut kathah | sira sang narendra katri ||

11. kewran solahe katêmpah | gugup tandang Arya Sena nêdhaki | amandhi gadanira gung | miwah sira Sang Parta | mukabumi Gilingwêsi samya manggut | dadya kinarubut kathah | tuwin Mandraka Sang Aji ||

12. lajêng prasamya manêmpak | ditya nênêm mati tana ngundhili | sirna madyaning prang pupuh | ana malih umangsah | taruna wil prawira widagda pupuh | anama Si Wirasraba | praptèng papan ambêg pati ||

13. pinarbutan para raja | langkung kêsit Wirasraba ing jurit | pinupuh manculat mabur | niyup anggro manêngah | ngênce-ênce mêcece rada kumênthus | mênthang sumbludhus [sumbludhu...]

--- 195 ---

[...s] badhigal | sigra Sang Sena nadhahi ||

14. kinêpyak ing gada pêjah | sirna larut prawiraning rasêgsi | Bratasena ngawe gupuh | ambyuk bala Ngastina | samya mangsah krura malih ambêg kiwul | ngangsêg mring barising mêngsah | gumuruh lir nêngkêr langit ||

15. Bramantya Patih Kardhana | duk tumingal prawira wil kèh mati | ngatag malih sarêng manggut | wadya wil lan manungsa | ing ngayuda arame rob têpung bau | wong Ngastina parêng tandang | anunjang baris nglimputi ||

16. swarane gora ruhara | kadi bêlah ngakasa banjir wukir | lir jawah mangsane labuh | swaraning kang gêgaman | têmpuh cacap gandhi gada lêbêng tulup | lumarap saingga kilat | marêngi tibaning riris ||

17. pyuh wor kalih barêng tandang | dangu ulêng pan samya ambêg pati |

--- 196 ---

asarêng pupuh-pinupuh | apulêt sarêng uwal | wadyabala Ngastina kathah kêsambut | pêjah madyaning ronanggaranangga. | wau ta awas ningali ||

18. sira Prabu Baladewa | asru duka yayah anglêbur bumi | Nênggala ingayat sampun | pinusthi munggèng asta | ya ta wau para ri awas andulu | yèn kang raka ing Mandura | dahat krodhanirèng galih ||

19. sigra Arya Wrêkudara | lawan ari Arya Parta nulya glis | samya mangsah amrih kiwul | lan ari ing Mandraka | prabu kalih wus samya sarêng umanggut | miwah Rahadyan Sêtyaka | lawan Prabu Sriwêdari ||

20. lawan Prabu Parangguwa | Gilingwêsi lan ari Mukabumi | katgada sarêng umanggut | satata datan taha | ngamuk punggung singa kang katrajang gêmpur | wadya wil kathah kang pêjah | dening pamuking parari ||

21. wadya Ngima Imantaka | kagum-kagum giris kasrêging [ka...]

--- 197 ---

[...srêging] jurit | myang prabawèng Nênggala gung | mijil kang naga pasa | kêthèn yutan mawêndran madyaning pupuh | patih ditya kaparwasakaprawasa. | Kalawedha angêmasi ||

22. wangke rinampês tan kalap | wadya ditya giris ngungsi ing wuri | kurdha patih manungsèku | ngêrigakên punggawa | parêng mangsah ditya sakarining lampus | pêpulih marêbut papan | gumulung samya bêg pati ||

23. patih Ngima Imantaka | Sang Kardhana pêpulih angawaki | wadyanira angêndhanu | nglimputi ronangganarananggana. | parêng surak gumêrgut mangungsir kiwul | ngisis wadya ing Ngastina | sigra Sang Sena nulya glis ||

24. mangsah mapunggung Sang Arya | Wrêkudara gada gêng mobat-mabit | gada sawit lokitèku | tan kewran solahira | kinarubut ing ditya manungsa iku | singa kang katiban gada | rangkêp pitung puluh tampis ||tapis (dan di tempat lain).

25. ana kang rangkêp sawidak | wolung dasa sangangdasa [sangang...]

--- 198 ---

[...dasa] suh ênting | sangsayarda amangiwung | Sang Sena pamukira | sira Patih Kardhana sor yudanipun | kapraprajaya dening gada |Lebih satu suku kata: kaprajaya dening gada. rêmuk datan angundhili ||

26. lêburan wong Ngimantaka | lir sinapon gusis mati ing jurit | dene Sena gadanipun | tuhu cakraning jagat | Wrêkudara ing yuda môngka gul-agul | mangkana wus katingalan | dening sang yêgsa nêrpati ||

27. Sri Niladati Kawaca | asru kurdha sigra anitih èsthi | ngawaki sira sang prabu | bala byuk anut nata | lir samodra gumulung têmpuh ing alun | yitna prajurit Ngastina | panggah prasamya nadhahi ||

28. rame gantya long-linongan | rêbut papan liru gon silih ungkih | acorok caruk-cinaruk | dêdêl duwa-dinuwa | lir samodra krura nêmpuh gunung sèwu | gulung gumulung èbêkan | tan etung gunging kang baris ||

29. mêngsah rêgsasa [rêgsa...]

--- 199 ---

[...sa] kruraya | ana ingkang ambyuk sangking ing nginggil | lir jaladara ngêndhanu | nêdya ngêbyuki mêngsah | wus prayitna Prabu Baladewa gupuh | Nênggala pinusthi sigra | ambrubul prabawa mijil ||

30. medal nagapasa yutan | angrabasèng mêngsah wil sirna tampis | kapupu ing Nênggala nung | pamuking Kakrasana | kurdha Prabu Ngima Imantaka gupuh | amusthi Kunta pamungkas | mijil garudha ngêbêki ||

31. ngêbyuki ing rananggana | sirna gêpang prabawa naga sêkti | bramantya Mandura Prabu | ing nalika tumingal | sirnanira prabawaning NagalaNanggala. nung | pinusthi malih tan taha | Nênggala amêdal gêni ||

32. gêni prabawa widagda | nêmpuh mêngsah pêgsi sirna kabêsmi | sayarda dahana mabul | mêlêg ing pabaratan | sèwu gunung sakêthi sayuta mabul | kang kêtrajang gundam-gundam | tumpês ka wadya rasêgsi ||

33. miwah kang wadya manungsa | Ngima Imantaka [I...]

--- 200 ---

[...mantaka] tan môngga pulih | lêburan wadyaning mungsuh | mangkana sang yêgsendra | mundur aris tan kôngsi malês srana nung | gugub kabêrêgdahana | nêdya angupaya budi ||

34. sira Prabu Praswapatya | pamuking prang lan Notèng Sriwêdari | tuwin Mukabumi Prabu | lawan Notèng Mandraka | Parangguwa Gilingwêsi parêng anglut | Arya Sena lan Arjuna | bêdhol baris Ngastinadi ||

35. samya mangunsir ing ditya | tan kacandhak sêlak kasamput latri | kèndêl sagung para ratu | akarya pasanggrahan | ngiras nganti ing mêngsah mênawi wangsul | yèn mêgsih ngupaya gêlar | ing dalu samya mangèsthi ||

36. môngka gêgununganira | kang sineba sagunging para aji | ing Mandura Sang Aprabu | lawan Sang Arya Sena | munggèng kanan Sang Parta ing kerengipun | ing ngarsa Natèng Mandraka | katiga Prabu Sêtyaki ||

37. jajar

--- 201 ---

lan Radèn Sêtyaka | para raja wus aglar ngarsa aji | ing dalu bujana nutug | angiras pagunêman | rèhirèng prang puniku kang dadi rêmbug | ngandika Sri Baladewa | hèh sagunging kadang mami ||

38. paran iki karsanira | dene mungsuhira tan angundhili | apa ta bêcike nglurug | ngrusak ing Ngimantaka | lawan iya ing Ngastina lamun wangsul | akarya pangendrajala | durung anêdya ngunduri ||

39. umatur sira Sang Parta | yèn panuju ing karsa raka aji | luhung lêrêma rumuhun | tanpa karya punika | inggih lamun angluru paraning mungsuh | wadya tuwan kèh kasrakat | dèrèng wontên ngumpul sami ||

40. sêdhêng yèn sampun antara | para ratu wadyane ngumpul sami | tan kuciwa ing prang pupuh | gêcak ing Ngimantaka | lamun mangke tuwan akêrsa lumurug | dhatêng Ngima Imantaka | praptèng

--- 202 ---

don anglêlingsêmi ||

41. pun Niladati Kawaca | dèrèng èstu kenase ing ngajurit | inggih mênawi pukulun | ngulati pangupaya | wus watêge ditya prange cidra ampuh | sangêt amangendrajala | luhung samar dedèn. yitnani ||

42. ya ta kang samya miyarsa | ing ature sira Radèn Prêmadi | suka sêdaya jumurung | mangayubagyèng karsa | alon matur sira Citrahoya Prabu | dhuh pukulun maharaja | kawula wau anuding ||

43. punggawa ing Parangguwa | anêlika kenase mêngsah aji | inggih mangke dèrèng wangsul | ingkang kawula duta | dyan umatur Sang Sena marang sang prabu | hèh kakangku dèn sarônta | mungguh ta mungsuhirèki ||

44. sêdhêng wus sirna kapisan | tan prayogi ambêging senapati | nguwus-uwus wong wus kawus | ngala-ala wong kalah | kêlakuan antuk sikuning [siku...]

--- 203 ---

[...ning] dewa gung | wasanane kuwalêsan | walêsane anikêli ||

45. lawan kalêbèng bêbasan | wong mangkono tan wruh subasitèki | sayêgtine yêgti busuk | atilar tatakrama | sumakehan manawa lagi jumurung | ilinga pasihaning Yyang | murih luluse basuki ||

46. suka Prabu Baladewa | amituhu ature para ari | nêng na kang sasmita rêmbug | wuwusên praptanira | wadya Parangguwa kang sami ingutus | anêlik sirnane mêngsah | ditya kang mundur ing jurit ||

21. Durma

1. matur nêmbah wau kang sami dinuta | marang narendranèki | katur solahira | dènnya nêlik prang ditya | miwiti malah mêkasi | katur sadaya | gambira kang miyarsi ||

2. wus têtela Sri Niladati Kawaca | durung nêdya ngunduri | lagya angupaya | gêlar mangendrajala | wau ta sagung paraji | samya siyaga | samêkta ing ngajurit ||

--- 204 ---

3. pinrayitnan manawa mêngsah anyidra | dadya karya piranti | pakuwon pêpanthan | pisah-pisah gonira | samôngsa mêngsah dhatêngi | barênga mangsah | nangkêpi kanan kering ||

4. kang minôngka kori kilèn pakuwonnya | Maharaja Sêtyaki | lan Sri Citrahoya | kang munggèng ing dwaksinadaksina. | sira Rajèng Mukabumi | lawan kang raka | Sang Prabu Gilingwêsi ||

5. ingkang munggèng lèr pakuwon Arya Sena | lawan Radèn Prêmadi | ingkang anèng wetan | Narapati Mandraka | kêkalih lawan kang rayi | pajêg barisnya | sagung kang para aji ||

6. para wadya punggawa ing papojokan | wus datan nguciwani | Sang Prabu Mandura | ing têngah pakuwonnya | lawan pulunanirèki | Radèn Sêtyaka | lan notèng Sriwêdari ||

7. Sang Aprabu Baladewa pêparentah | mêkomêngko. ing têngah wêngi | ajana dêdamar | sagung pakuwon nata |

--- 205 ---

amunga têngah pribadi | kang mêgsih padhang | dadya tan ngêtarani ||

8. wus warata undhangira sri narendra | nêngna kang wus miranti | sawadya punggawa | wuwusên yêgsa dipa | kan rèrès madyaning jurit | kèndêl nèng wana | tan nêdya mring nagari ||

9. langkung merang sang nata lamun mundura | mring Ngimantaka nagri | wadyane tumpêsan | mung kari ditya dhomas | ginagala ingulig-ulig |Lebih satu suku kata: ginala-gala ingulig. gul-agulira | sêmana sang yêgsaji ||

10. asingêdan anèng wana pagunungan | samya ngupaya budi | ing pangedrajalapangendrajala. | miwah pangaribawa | sang yêgsa dipa lon angling | dhuh kayaparan | karsanta lan nak mami ||

11. mêngko padha kaègsi-ègsi paprangan | mungguh ing awak mami | wus tan nêdya gêsang | suka banjura pêjah | wasisan brastha ing jurit | dhuh dhuh ta padha | sira ngungsira urip ||

12. aja na kang milu nêmahi antaka | kabèh santana mami |

--- 206 ---

dèn angeman gêsang | mêngko wus tak tarima | sira melu kawlasasih | saparan ingwang | milu sabaya pati ||

13. praptaning don tanpa daya raganingwang | kudu ngajak bilai | lah mulane padha | dèn inggal amuliha | rêbutên prajanirèki | aja na susah | sun andhêmi pribadi ||

14. duk miyarsa sêdaya kang wadyabala | pangandikaniraji | prabune karuna | wau bala rêksasa | gumuruh matur wotsari | ana kang galak | sêsumbar amêmiris ||

15. dhuh-dhuh sampun sungkawa kasoring aprang | kawula kang malêsi | mêngsah wong Ngastina | môngsa nêdyaa gêsang | yèn paduka narapati | praptèng antaka | suka samya wor siti ||

16. pan samêndhang tyasipun kang wadyabolawadyabala. | dèrèng angraos miris | sampun si manungsa | sanadyan ngendraloka | kinèn [ki...]

--- 207 ---

[...nèn] anguprakangrupak. ing jurit | sayêkti gêmpang | brastha saisinèki ||

17. datan purun ngucira parentah nata | dhuh-dhuh têmpuh nèng pati | abdine sêdaya | nêdya malês ing tuwan | ngandika sang ditya aji | lamun mangkana | sanggupira mring mami ||

18. sun tarima payo padha rêrêmbugan | lah kayaparan mangkin | mungguh mungsuhira | sêdaya mêgsih aglar | ngêntèni sira lan mami | lamun ta ingwang | kang dadya karsa mami ||

19. tinukub ing yuda bala ing Ngastina | aja na kang sarênti | kabèh wadyaningwang | dèn padha ngabyantara | umangsah ing mêngko bêngi | lan pangabaran- | ira wêtokna sami ||

20. angin gora pangêsêse mungsuhira | padha têmahna dhingin | nanging yèn umangsah | padha mêtu gêgana | iya mêngko madya latri | ya pamrih ingwang | mungsuh aja miranti ||

21. gampang lamun gugup masalahing [masalah...]

--- 208 ---

[...ing] yuda | sira bisa dhingini | nora kadhinginan | ing gêlar mamrih lawan | sandika sagung rasêgsi | rêmbug wus dadya | sigra budhal sang aji ||

22. saha bala sampun napak jumantara | tan winarna wiyati | sampun kaungkulan | barise wong Ngastina | nulya wadya kang para wil | amatak japa | pangabarane dadi ||

23. angin gora nanduki bala Ngastina | ya ta wau winarni | prawira Ngastina | kataman ing pawana | sadaya kêkês umiris | manahe growah | amung kang para aji ||

24. datan kêna ing pangabaraning mêngsah | sêdaya yitnèng wèsthi | sampun anggraita | lamun pangendrajala | lawan dhêdhêting wiyati | akèh kapyarsa | swaraning ditya ngêrik ||

25. Sang Aprabu Baladewa aparentah | mring sagung kang paraji | kinèn sami yitna | dèn samêgta ing gêlar | dudu suwadine iki |

--- 209 ---

angin kang prapta | mêngsah arsa nyidrani ||

26. wus warata undhange Sri Baladewa | ya ta wuwusên malih | sagung mêngsah ditya | kang anèng ngantariksa | sawusnya ing madya ratri | sarêng umangsah | sarwi anggro ngajrihi ||

27. tri gumuruh ambyuk sangking jumantara | praptaning dharat sami | kagyat dènnya mulat | dene bala Ngastina | sampun samêkta ing jurit | têtêp wirèng prang | tan kênèng dèn cidrani ||

28. sarêng mangsah wadya ditya mamirahanmawurahan. | tan wrin rowang pribadi | gumuruh swaranya | caruk mungsuh lan rowang | wus dangu dènira jurit | gègèr puyêngan | wadya Ngastina sami ||

29. sangking sruning papêtêng latri limutan | tan katon siji-siji | aprang wur-awuran | êmbuh mungsuh larowalan rowang. | gagap-gagapaning jurit | wadya rasêgsa | parandene kèh kêni ||

30. wadya Ngastina kathah kalongnya |Kurang dua suku kata: wadyabala Ngastina kathah kalongnya. dènnya tan wrin ing

--- 210 ---

gusti | ana padha rowang | têpak-tinêpak rêmak | rêmuk dênawa kang kêni | miwah manungsa | sinaut ing rasêgsi ||

31. angin gora saya gung praptèng paprangan | mêsês sêmu ariris | kêkês ing ngayuda | wadyabala Ngastina | sadaya tyas sêmu riring | amung rasêgsa | ingkang tawar ing angin ||

32. dadya kathah sêsambat wadya Ngastina | mring Baladewa Aji | dhuh gusti tulunga | usada ing ngayuda | wadya tuwan akèh mati | dene pawana | lawan pêtêng tan sipi ||

33. lamun gusti datan arsa têtulunga | yêgti tumpês puniki | kabèh wong Ngastina | kenging pangaribawa | dhuh pukulun dipun aglis | Nênggala tuwan | tulunga marang dasih ||

34. kagyat myarsa Sang Aprabu Baladewa | kurdha nata tan sipi | miwah Arya Sena | Arjuna lan Mandraka | Gilingwêsi Mukabumi | lan Lesanpura | Prangguwa Sriwêdari ||

--- 211 ---

35. samya mangsah anggagab mêngsah dênawa | kotbuta sru mangungkih | sira Wrêkudara | ngamuk punggung lan gada | angawur dènnya mrih pati | singa katiban | ing gada angundhili ||

36. kang kataman rêmak tan môngga puliha | sigra Baladewaji | amusthi Nênggala | wèh padhang ing paprangan | sêgsana amêtu gêni | krura saarga | mandipani ing jurit ||

37. sarêng surak wadyabala ing Ngastina | dènnya wruh ing rasêgsi | wus tan kasamaran | mring mungsuh lawan rowang | angungun sang yêgsapati | maring prabawa | Nênggala angluwihi ||

38. dadya merang wau Natèng Ngimantaka | lumayu maring wuri | sigra Sang Arjuna | awas dènnya tumingal | maring sang yêgsa nêrpati | lamun angiwa | nêdya ngucirèng jurit ||

39. linêpasan ing warastra tanpa sesa | pagas jangganiraji | gumuling nèng kisma | kagyat bala dênawa | yèn ratune angêmasi |

--- 212 ---

giris manahnya | samya nêdya ngoncati ||

40. Sang Arjuna mulat ingkang mêngsah ditya | lamun obah mamiris | sigra mênthang langkap | mijil panah narasah | mêlêg ngêbêgki ngajurit | nibani ditya | kawêratan ngijèni ||

41. bubar-bubar sirna ingkang nêdya panggah | mawur kang ditya alit | samya ngungsi wonawana (dan di tempat lain). | gunung pêpèrèng jurang | sarsaran angungsi urip | ditya punggawa | sinome sampun tampi ||

22. Sinom

1. sapêjahe ditya raja | wadya dênawa tan kèri | sadaya samya palastra | mung kari ditya lit-alit | angungsi jurang wukir | mrênyanyang dadya lalêmbut | ana wil ingkang tuwa | sawiji nêdya amulih | mring nêgarinira Ngima Imantaka ||

2. ing nguni narendranira | nalikane mangun jurit | ngrabosèngngrabasèng (dan di tempat lain). nêgri Ngastina | atilar putra sawiji | jalu langkung sinêkti | sêmana pan mêgsih timur | mila

--- 213 ---

tan tumutura | mring rama lunga don jurit | apêparap Wiranilada Kawaca ||

3. sanajan mêgsih taruna | wus sinèrèn guna sêgti | angungkuli ingkang rama | prakosa prawirèng jurit | widagda pilih tandhing | waskitha sang anak anung | bisa mancala warna | tan tular gamaning jurit | pratomèng prang kyatingrat raja pinutra ||

4. nadyan Dewa Batharendra | yêgti tan lawan ing jurit | sampun ing padha manungsa | nôngga bote ngajurit |Kurang satu suku kata: sinôngga bote ngajurit. ing benjang ana jalmi | sudira brata mawiku | kang wruh pati uripnya | wus mangkana kang winarni | ditya sêpuh kang lumayu sangking yuda ||

5. wasta pun Kaladakara | sêpuh rada kaduk pikir | sapraptaning prajanira | marêg ing sang rajasiwi | praptèng ngarsa nungkêmi | karuna sarwi umatur | masalahing ngayuda |

--- 214 ---

miwiti malah mêkasi | kôngsi praptèng sedanira ingkang rama ||

6. samana dupi miyarsa | sira yêgsa rajasiwi | krodha arsa lumuruga | ngrabosèng Ngastina malih | sruning manginggit-inggit | mring Baladewa Sang Prabu | miwah maring Arjuna | katon sedaning ramaji | Sang Arjuna kang karya sawênang-wênang ||

7. arsa malês rajaputra | patine bapa lan kaki | Kaladakara manêmbah | matur sarwi gêgedholi | sampun panduka gusti | lumurug mangke pukulun | paran ta dèn adua | wadya tuwan dèrèng pulih | luhung pênêt mulihna nagari tuwan ||

8. lawan panduka nuntêna | umadêga narapati | nagri Ngima Imantaka | mêmatah para bupati | gusti benjing agampil | yèn sampun arja wadya gung | sêdhêng ta malêsana |

--- 215 ---

sedane ramanta aji | jêr panduka wus samining para nata ||

9. duk miyarsa rajaputra | mituhu suka ing galih | sigra dènnya pêparentah | wadya kinèn angimputi | manungsa lan rasêgsi | pagunungan sadaya wus | manjing wisma nêgara | pinatah wadya bupati | rajaputra wus jumênêng naranata ||

10. sampun sami angestrenan | miwah mêmatah pêpatih | Kaladakara kinarya | pêpatih mêngku wadya wil | pêpatih manungsèki | pun Kartana wastanipun | sutane patih kuna | pun Kardhana kang wus lalis | wus mangkana arja nagri Ngimantaka ||

11. kunêng malih kang winarna | kang sami ungguling jurit | sayêgti sarê kandhanya | ananging kinarya gênti | sagung para narpati | ing sawadyabalanipun | dupi sirnaning mêngsah | sêdaya suka angênting | praptaning byar raina kang para [pa...]

--- 216 ---

[...ra] nata ||

12. kumpul samya ing paseban | Prabu Baladewa Aji | nèng pakuwon sami aglar | gêgununganing paraji | lawan kang para ari | Arya Sena munggèng ngayun | jajar lan Sang Arjuna | ing wuri sang nata kalih | ing Mandraka Prabu Nangkula Sadewa ||

13. sira Rahadèn Sêncaka | lan paman Prabu Sêntyaki | wuri pisan para raja | miwah punggawa prasami | suka-suka tan sipi | sami bujana anayub | sawusnya andrawina | Prabu Baladewa angling | paran karsa kabèh-kabèh kadang ingwang ||

14. sasirnane mungsuhira | paran ing rèhira sami | matur ArjaArya. Wrêkudara | dhuh kakangku yèn marêngi | karsane kabèh iki | iya bêcik padha mundur | matur mring arinira | yèn mungsuh ditya wus tapis | awit sira kabèh mung kinèn mapaga ||

15. yudaning

--- 217 ---

mungsuh kang prapta | nora kinèn anglurugi | manawa antuk dêduka | sêsikuning kakang aji | lumancang tan tinuding | lumangkah sôngka ing tuduh | wau ta duk miyarsa | Sri Baladewa Nêrpati | sukèng driya lawan sagung para nata ||

16. mangayamangayu. bagya sadaya | ing karsane Bayusiwi | sampun putus kang rinêmbag | tan winarna ing piranti | lajêng budhalan sami | swaraning bala gumuruh | suka tabah-tabahan | arsa bêgsa margi-margi | wadyabala Ngastina nutug sukanya ||

17. datan winarna ing marga | sagung kang mêntas ing jurit | sampun manjing ing nagara | rêmbag sagung tur upêgti | nuduh punggawa kalih | sampun lajêng lampahipun | sêmana kawuwusa | Ngastina Sri Narapati | Yudhisthira nuju miyos siniwaka ||

18. lawan Sri Bathara

--- 218 ---

Krêsna | siniwakèng pôncaniti | pêpak sagunging punggawa | andhèr ngarsane nêrpati | kang tan milu ing jurit | atêngga praja ing pungkur | wau ta praptanira | dutaning kang mêntas jurit | praptèng ngarsa nata sarwi atur sêmbah ||

19. katur solahe dinuta | miwiti malah mêkasi | wau ta duk amiyarsa | Sri Yudhisthira Narpati | miwah Sri Arimurti | dahat sukane kalangkung | sagung kang mêntas aprang | sami kinèn animbali | tan antara kerit praptèng ngarsa nata ||

20. Sang Aprabu Baladewa | wus ngaturan lênggah nunggil | mring ari Bathara Krêsna | miwah sagung para ari | tuwin kang para aji | samya sumiwi ing ngayun | kadya ing sabênira | Prabu Baladewa Aji | alon matur solah basukining yuda ||

21. saliring rèh katur samya | miwiti malah mêkasi | suka Prabu Yudhisthira | myang Bathara Arimurti |

--- 219 ---

samya suka tan sipi | sêdaya kang munggèng ngayun | Sri Prabu Yudhisthira | manabda wor ring mêmanis | sinambramèng pangalêmbana sêdaya ||

22. dènnya basukining lampah | nulya ginanjaran sami | wastra warastra sarwendah | anuhun kang para aji | sêmana tan winarni | dènira asuka nutug | marêngi salin warna | taun surya duk winilis | tinêngêran marga gunaning pandhita ||Sengkalan: marga gunaning pandhita (735 A.D.).

23. warsaning côndra ingetang | sêngkalanira winilis | manggala pandhawa sapta |Sengkalan: manggala pandhawa sapta (758 A.J.). sêmana datan winarni | sagung kang para aji | sêdaya apamit sampun | mantuk mring prajanira | sang raja ing Sriwêdari | lawan Parangguwa Gilingwêsi samya ||

24. miwah Mukabumi Raja | Sang Aprabu Sayakêsthi | sakawan sampun rinilan | mantuk mring prajanirèki | antara dina malih | nata [na...]

--- 220 ---

[...ta] kapat budhal sampun | sawadya sowang-sowang | datan kawarna ing margi | samya suka prataningpraptaning. nêgaranira ||

25. kunêng nagari Ngastina | miwah sagung para aji | kang samya amanggih suka | wontên prajane pribadi | ya ta wuwusên malih | nêgari Wiratha nuju | ari malêm Anggara | wontên swara kapiyarsa |Guru lagu seharusnya : 8i, wontên swara kapiyarsi. kadi gêlap jumêgur sajroning pura ||

26. kagyat Sang Arya Nirbita | gugup sigra angulati | suwara kang kapiyarsa | lajêng lumêbèng jro puri | sakèh gon dèn lêboni | tan ana swara kang krungu | marang ing kênya pura | mêgsih sami eca guling | winantara tan ana ngrungu suwara ||

27. ngungun tyasira ki patya | sêmana osiking galih | babo baya êndi iya | swara ingkang kapiyarsi | swarane ing jro puri | pagene têka

--- 221 ---

asamun | tan ana tabêtira | miwah sagung para cèthi | nora kagyat wangune tan amiyarsa ||

28. nalika ing lêbêtira | Arya Nirbita mring puri | ing wanci pukul satunggal | dangunira angidêri | kôngsi mèh tatas enjing | Arya Nirbita lumêbu | marang tilaming nata | ingusap mênga kang kori | linêbêtan sri narendra nora nana ||

29. kagyat Sang Arya Nirbita | anon kumbayana kalih | anèng tilam isi toya | sakêlangkung dènnya wêning | mawa cahya nêlahi | sang arya graitèng kalbu | baya iki kang mawa | swara kang kapyarsèng mami | sampun nyana lamun narendrane seda ||

30. ngunguning tyas Sang-a patya | karantan lajêng anangis | katonton ing ratunira | Sang Aprabu Maswapati | samana praptèng enjing | kyana patih mêdal sampun | nimbali [ni...]

--- 222 ---

[...mbali] putranira | Arya Kawakya wus prapti | lawan sagung kang para wadya sêdaya ||

31. sadaya wus praptèng ngarsa | wus samya winartan sami | wiwitan kôngsi wêkasan | samya ngungun kang miyarsi | miwah samya anangis | kathah kagagas tyasipun | sagung para punggawa | sedane ratunirèki | wus ingimur marang Sang Patih Nirbita ||

32. dupi lipur sadayanya | kya patih ngandika aris | hèh sutaningsun KawatyaKawakya. | sira lumakua aglis | lêlayu tur upèksi | marang Ngastina dèn gupuh | kanthia kang punggawa | sedane ratunirèki | saliring rèh pitungkas kamot sadaya ||

33. lajêng budhal sanalika | anganthi punggawa kalih | lampahira gêgancangan | datan kawarna ing margi | sampun prapta nagari | Ngastina samana nuju | ing dina pasewakan | sang nata miyos tinangkil |

--- 223 ---

mêpak sagung para karya myang punggawa ||

34. miwah kang raka kalihnya | sinuhun ing Dwarawati | miwah Prabu Baladewa | lênggah ing ngarsa tan têbih | Arya Kawakya prapti | dumrojog ngarsa sang prabu | sinapa matur nêmbah | katur saaturirèki | ing sasolah rêntênge nagri Wiratha ||

35. sapitungkas katur sampun | ngunguning tyas sri bupati | gagêtun duk amiyarsa | miwah sagung para ari | tuwin kang raka kalih | kumêmbêng sarwi rawat luh | wasana aparentah | Prabu Yudhisthira Aji | arsa têdhak maring nêgari Wiratha ||

36. sandika kang para wadya | sang nata lumêbèng puri | bubar kang sami sewaka | wus lajêng samêgtèng sami | dènnya badhe umiring | têdhakira sang aprabu | marang nagri Wiratha | wau ta ingkang winarni | Rêtna Dèwi Untari miyarsa warta ||

37. lamun ingkang rama seda | sang dyah sungkawa tan sipi | karuna saya karasa |

--- 224 ---

lir murcatma sang lir Ratih | sakèhe solah ati | tumpêg anèng sang dyah ayu | lagya na rêrêming tyas | sasedane garwanèki | lawan kadang kasambut ing adilaga ||

38. rêrêming dene wus mulat | putra jalu langkung pêkik | mangke tinungku sungkawa | sedane ramanirèki | sarêng lan ibu sori | mila tyas ngênglêng kêlangkung | sasat banjur antaka | sangking sru putêg ing galih | gugup Rêtna Drupadi lawan Subadra ||

39. marêpêki mantunira | tuwin Dèwi Citrahoyi | samya mangimuri marang | mawantu ambêbolèhi | dupi lipur sakêdhik | katungka ing rawuhipun | Sang Prabu Yudhisthira | lawan Prabu Arimurti | tuwin Prabu Mandura manjing jro pura ||

40. sapraptaning dhatulaya | wus panggih lan pramèswari | myang sagung para wanodya | marêngi lagya maripih | sungkawaning [sungkawa...]

--- 225 ---

[...ning] Untari | samana wau sang prabu | sawusnya awêwarta | miwiti malah mêkasi | maring garwa obah rêntênge Wiratha ||

41. Rêtna Untari amothah | anuwun kêdah umiring | arsa wikan ing ubaya | kêkalih kang isi warih | ngandika batharaji | sarèhêna tyasirèku | lamun sira milua | angrêmbêna wong lumaris | ramanira kasuwèn dadya kumbaya ||

42. wêlasa marang wong tuwa | iya nini benjang gampil | lawan iku putranira | misih rare durung akir | saya angrêribêti | pijêr kasuwèn lumaku | mangkana sang lir rêtna | lèrèh tan lêngganèng galih | sri narendra lajêng samya abusana ||

43. tan antara lajêng budhal | lawan sagung para ari | miwah raka kalihira | Sri Baladewa Sang Aji | lawan Sri Arimurti | wadya punggawa gumuruh | sira Arya Kawakya | umiring lampahing [la...]

--- 226 ---

[...mpahing] gusti | tan kawarna ing marga praptèng Wiratha ||

44. gugup Sang Arya Nirbita | amêthuk sawadyanèki | tundhuk lajêng ingaturan | umanjing sajroning puri | Arya Nirbita mêgsih | umiring wuri sang prabu | dinangu ênggonira | kumbaya kang isi warih | wontên tilamipun jêng eyang panduka ||

45. sampun ingiring sêdaya | praptèng gone toya wêning | angungun Sri Yudhisthira | miwah sagung kang ningali | samya gawok tan sipi | dene kaelokanipun | cahyaning tirta tama | lir sudama môngsa katri | anêlahi sumunar karya asmar ||

23. Asmaradana

1. dangu dènira ningali | Sang Prabu Darmakusuma | ing tirta tama kinaot | ya ta kang ponang kumbaya | mirut prabaning toya | mingkup samrica binubut | tan antara lajêng mugsa ||

--- 227 ---

2. wus datan ana kaègsi | ingkang jêmbangan kalihnya | jumêgur wiyat swarane | ya ta Sri Bathara Krêsna | parentah tumuntura | wèh kurmat dupa kumutug | manuturirèng kamugsan ||

3. sawusnya datan winarni | lajêng siniwakèng jaba | ing sitibêntar sang katong | para ari para wadya | miwah raka kalihnya | sumiwèng raka sang prabu | tuwin Sang Arya Nirbita ||

4. wus andhèr ngarsa sang aji | ngandika Sri Yudhisthira | Nirbita kinèn gumantos | amêngku nagri Wiratha | tan owah wawêngkonnya | nanging datan nama ratu | nama Dipati Nirbita ||

5. lan aja nganggo sitinggil | amung Ngastina kewala | sira sumiwia mêngko | maring nagari Ngastina | barang kang upacara | nganggoa caraning ratu | Arya Nirbita sandika ||

6. lawan pinangkating [pi...]

--- 228 ---

[...nangkating] linggih | kinarya ratu pangarsa | sumosor narendra loro | Prabu Nangkula Sadewa | nulya Arya Nirbita | munggèng ngarsane pra ratu | wurine narendra kadang ||

7. sampun samya dèn èstrèni | Arya Nirbita manêmbah | ing pada sang maha katong | Bathara Krêsna ngandika | lah ta sira Nirbita | ing karsane yayi prabu | sira kinulawisudha ||

8. gumantya Wiratha nêgri | agêdhe nêgaranira | aja sira salah gawe | tolèhên karatonira | sira môngka pramudya | tan kêna ingukur-ukur | abot wong mêngku nêgara ||

9. sagunging wadyanirèki | arja rusak saking sira | ratu iku panutane | kang pasthi tinut sajagat | lamun ratu utama | punggawanira ya milu | sira tinut wong sapraja ||

10. yèn ratune ambêg sasi | gêlarakên [gêlara...]

--- 229 ---

[...kên] pêparentah | nuduhkên ala bêcike | yêgti anyut ambêg darma | karana isining rat | sadaya ambêge iku | sayêgti ta mung sang nata ||

11. obah osiking narpati | iya pan dadi sasmita | sakarya panggraitane | ing wadya kinira-kira | kang bêcik lawan ala | lêlabêtan kang kadulu | pan iku dadi pratôndha ||

12. ratu adining sabumi | bumi upama sarira | lamun tyas among wirage | inggal kawistarèng nitya | julalat tan prayoga | praptaning angganirèku | lamun ati iku nistha ||

13. darêngki runtik tan sipi | linêgsanan angganira | jêjail lawan panastèn | sukan maring kautaman | suka awêwadanan | iku kaya ngaji mupung | tan pae amêngku praja ||

14. sira tyase wong sabumi |

--- 230 ---

angganira wadyabala | kaya mêngkono pamine | pamêngkunira mring wadya | dèn gêmi maring darma | wêruhêna kala ayu | trapêna sakarsanira ||

15. kang ala wruhêna bêcik | kang bêcik wuwuh utama | iku busananing katong | abot wong sinudarsana | marang saisining rat | mulane sira dèn emut | buwangên tyas wasa-wasa ||

16. marigsa wadya pangarsi | misesa ing wurinira | paramarta timbangane | yèn parusa wasa-wasa | rusak wawêngkonira | tan wruh mring sariranipun | sarira tumêkèng manah ||

17. dene ambêging narpati | mung kinarya catur warna | kang pinasthi maring katong | èngêta salamènira | siji tan kêna tilar | sabarang rèh dadya kadung | lamun ana kang binuwang ||

18. mulane dèn ngati-ati | wruhanira catur warna | patrapêna

--- 231 ---

sadinane | kang dhingin maring patrap |Kurang satu suku kata: ingkang dhingin maring patrap. mandum kalawan mancas | iku pinasthi ing ratu | tan kêna tilar satunggal ||

19. eling-elingên dèn pasthi | iya ingkang catur warna | singgahêna sadinane | pinusthia ing wardaya | aja ambêg alena | dèn karêm ing tyas rahayu | awèh rahayuning praja ||

20. nêmêna milulut jalmi | hèh poma sira Nirbita | mêngko sira pramudyane | nagrinira ing Wiratha | mètên amrih utama | tama kataman rahayu | ayêma isining praja ||

21. Arya Nirbita wotsari | umatur sarwi karuna | dhuh èstua maha katong | dhawuh ingkang pangandika | nugraha pun Nirbita | inggih panduka pukulun | ngumala tan sita-sita ||

22. ing dasih dama tan sipi | amung lumuntur sakarsa | Bathara Krêsna lingnya lon | lawan sira dèn pracaya | lawan batharanira | miwah mring Bathara Guru | ingkang

--- 232 ---

amisesèng jagat ||

23. kabèh ana ingkang kardi | iya samya kang tinitah | kang katon ing ngalam kiye | sira iku amung darma | animpên lan rumêgsa | marang ing kagunganipun | mulane dipun waspada ||

24. lawan karêma sêmadi | nalôngsa ing driyanira | mênawana sasikune | lupute rumêksanira | ing satêmah dinukan | mung wong siji ingkang luput | rusake gêgawa kathah ||

25. mulane dèn ngati-ati | sira wus ginawe tuwa | anèng Wiratha samêngko | sandika Arya Nirbita | umatur awotsêkar | pangèstu tuwan pukulun | mugi kawula sagêda ||

26. nglampahi pangandikaji | dhawuh ingkang palimarma | malah mulasarèng ngakèh | kang samya tyas wasa-wasa | sirna nêdya utama | amimba sabda mrih ayu | kayungyun ing kaèngêtan ||

27. samana kang amiyarsi | ing rêrasan kèh karasa |

--- 233 ---

karasuk sasurasane | nimpuni Arya Nirbita | dènnya tampi nugraha | kinarya manggalanipun | misesa nagri Wiratha ||

28. sadaya suka tan sipi | sadya milutèng utama | para wadya sadayane | sumingkir tyas gora godha | tan ana kang sangsaya | ing driya murih rahayu | kayungyun gambuh utama ||

24. Gambuh

1. wau ta tan winuwus | laminira samana sang prabu | anèng nagri Wiratha sawadyanèki | agunganggung. mijilkên marta rum | Bathara Krêsna kinaot ||

2. mêmulang rèh rahayu | marang Arya Nirbita atutug | tan winarna dènnya mrih utama niti | sang nata pan arsa kundur | parentah kinèn rumantos ||

3. dupi samêgta sampun | sigra budhal wau sang aprabu | sira Arya Nirbita sigra umiring | ing sawadya putranipun | ing marga tan winiraos ||

4. praptèng Ngastina sampun |

--- 234 ---

Sang Aprabu Yudhisthira laju | angêdhaton de sagung kang para ari | tuwin raka kalihipun | sampun kundur angêdhaton ||

5. miwah wadya sadarum | samya mantuk ing sajuru-juru | tuwin Arya Nirbita sawadyanèki | pinaring pakuwon sampun | cilakcêlak. sri narendra karo ||

6. ing Mandraka sang prabu | ya ta sang nata ing lêbêtipun | dhatulaya panggih lan Dèwi Untari | miwah pramèswari prabu | miwah sagung para sinom ||

7. warta wau sang prabu | marang Rêtna Untari rèhipun | pamugsane kang rama Sri Maswapati | sêdaya sampun tinutur | kabèh basukining katong ||

8. mangkana sang rêtna rum | duk miyarsa wartane sang prabu | lir kadhudhah kadhêngkodhêng. andhandhanganandhang. prihatin | karônta-rônta kêlangkung | mèh kadurus milu layon ||

9. Wara Sumbadra gupuh | tansah ngimur-imur amrih

--- 235 ---

lipur | tan winuwus antara rêrêming galih | suka sadaya para rum | tuwin sajroning kadhaton ||

10. sami asuka sokur | ya ta nêngna sajroning kadhatun | tan winuwus têntrêming arja nêgari | tan ana sangsayèng laku | stari samya linakon ||Kurang satu suku kata: lastari samya linakon.

11. kang wijah-wijah nutug | ya ta samana wus tan cinatur | kawuwusa nalika asalin warsi | taun surya kang ingetung | sangkalanira ing kono ||

12. rêtu gunaning wiku |Sengkalan: rêtu gunaning wiku (736 A.D.). warsaning condra mangke ingetung | tinêngêran gatra wisayaning gari |nagri. Sengkalan: gatra wisayaning nagri (757 A.J.). anênggih ingkang winuwus | Ngastina sinungan Manon ||

13. karsa sasmita rawuh | pan dêlajat badhe salin ratu | sakathahe wit pucang amêdal tambi | puniku kôngsi sataun | gawok sagunge ponang wong ||

14. mangkana sang aprabu | lan para ri sadaya angungun | mangên-angên karsèng tyas maras tan sipi | miwah raka kalihipun | Baladewa sang akatong ||

--- 236 ---

15. Bathara Krêsna Prabu | samya graita sajroning kalbu | dene ana sasmitèng jawata luwih | mangkana datan winuwus | lamine sawarsa kono ||

16. wuwusên salin taun | warsa surya sangkala ingetung | tinêngêran swara dahananing wukir |Sengkalan: swara dahananing wukir (737 A.D.). tauning côndra winuwus | sêngkalanira ing kono ||

17. sirna manising wiku |Sengkalan: sirna manising wiku (760 A.J.). ya ta Ngastina mangke winuwus | wontên karsa sasmitaning dewa malih | sakathahe wit galugu | oyot-oyot mêtu sogol ||

18. kadya tarubusipun | wit pisang kadi abisa tuwuh | Sri Bathara Krêsna wus tampi ing galih | sasmitaning kalih taun | sêmana wau sang katong ||

19. Bathara Krêsna Prabu | laju manjing sajroning kêdhatun | lawan raka Sri Baladewa Narpati | miwah pra ari sêdarum | umiring manjing kadhaton ||

20. praptanirèng kadhatun | wus panggih lan Yudhisthira Prabu | alon [alo...]

--- 237 ---

[...n] matur Sri Bathara Arimurti | dhuh ing mangke yayi prabu | tyas kula sampun karaos ||

21. sasmitèng kalih taun | punika dede suwadosipun | kadi pemut paring ing panduka sami | rèhning sadaya wus sêpuh | nuntêna salin lêlakon ||

22. Sri Yudhisthira matur | maring raka Padmanaba Prabu | dhuh alêrês ing sabdanta kaka aji | samêndhang tan ana luput | paran karsanta sang katong ||

23. Bathara Krêsna matur | yèn suwawi ing karsa ri prabu | luhung sami amrih kamugsan tumuli | para ari aywa kantun | miwah ingkang para wadon ||

24. kang samya nêdya tumud | mugsa maring kaananirèku | dene wayah pandukapaduka (dan di tempat lain). pun Parikêsit | lah punika sampun patut | kasèrènana kêprabon ||

25. amung ta kakang prabu | ing Mandura datan kenging tumut | ing kamugsan [ka...]

--- 238 ---

[...mugsan] prayogi ngêmbani wuri | ing wayahe mêgsih timur | katêmpuh sêpuhing kewoh ||

26. lawan Suhbrastha kantun | prayogi môngka karya gul-agul | ing Ngastina karana puniku benjing | ing wuri kathah pakewuh | tikêl lan kang wus kalakon ||

27. samana duk angrungu | Prabu Baladewa tyas wulangun | angandika kayaparan yayi aji | yèn saèstu ingsun kantun | ing têmah dadi gêguyon ||

28. karana raganingsun | durung wruh ing rèh kang amrih ayu | yèn parênga ing karsaning yayi aji | ingsun arsa atut pungkur | mèlu atunggal saênggon ||

29. Bathara Krêsna matur | sampun puguh ing tyas kaka prabu | sintên ingkang nirnakkên ripu ing wuri | margi ing benjang puniku | punggawa kabèh nom-anom ||

30. paduka kang katêmpuh | ing sabarang rèh kang dadya sêpuh | lawan kula Suhbrastha mamugarèni |

--- 239 ---

ya ta nalika angrungu | Baladewa Sang Akatong ||

31. datan lêngganèng tuduh | ninging tyasira putêg rawat luh | miwah Arya SubrasthaSuhbrastha. | waspanya mijil | kararantan rêntêngipun | dènnya yun datan patêmôn ||

32. lan kadang-kadangipun | dadya wus pinupus pasthinipun | ya ta sira Bathara Krêsna lingnya ris | lah paran ta yayi prabu | ing rêmbag kang amrih dados ||

33. Sri Yudhisthira Prabu | alon matur sumôngga ing kayun | kakang prabu ingkang pantês amrayogi | ing rèh gampang lan pakewuh | ing rêmbag amrih kalakon ||

34. Bathara Krêsna matur | yèn suwawi ing karsa pukulun | yayi prabu nuntêna miyos tinangkil | amaringêna kaprabun | inggih mring wayah sang katong ||

35. kang môngka patihipun |

--- 240 ---

nguni pun Sômba atilar sunu | wayah pun Duwara ingkang dados patih | lawan inggih putunipun | yayi Sena kang kinaot ||

36. pun Ôntarêja sunu | nama Padèn Danurwenda punjul | kalihipun dadi niyakaning aji | yèku benjang run-tumurun | mêgsih êmbananing katong ||

37. lamun wus madêg ratu | wayah tuwan pun Bimanyusunu | yayi prabu lan sakadang sadayèki | samia anjajah dhusun | amrih sarananing layon ||

38. ya ta datan winuwus | duk sêmana dadining kang rêmbug | wusnya nuju praptèng ari Soma Manis | wau Yudhisthira Prabu | dhawuh samêgtèng pamiyos ||

25. Mijil

1. duk sêmana sang sri narapati | enjinge gya miyos | munggeng pôncaniti sakadange | andhèr punggawa lan para mantri | ingkang raka kalih | sumiwi

--- 241 ---

ing ngayun ||

2. ingkang wayah Radèn Parikêsit | wus anunggil lunggoh | ing dhêdhampar kinanthi eyange | alêlèmèk babut prangwêdani | miwah upakarti | ingkang madêg ratu ||

3. cêcaruhan kumutug dupaning | myang dêdupa katong | wus samêgta panangkilan kabèh | sri narendra angandika aris | hèh wruhanta sami | kabèh sanak ingsun ||

4. lan sagunge kang punggawa sami | iya karsaningong | ing samêngko wayah ingsun kiye | sun sèrèni ing kaprabon mami | ngadêga nêrpati | amêngku ngrat agung ||

5. binathara prabu nyakrawati | dene ta kang among | angêmbani kang môngka wakile | kakang Prabu ing Mandura Aji | dadia sêsilih | siniwèng wadya gung ||

6. kang sun karya manggalaning èstri | iya sutaningong | Si Suhbrastha dadya gul-agule | ing Ngastina môngka senapati |

--- 242 ---

kabèh sira sami | dipun sabiyantu ||

7. sagunging wadya lan para ari | sandika rumojong | ing karsendra nayogyani kabèh | mring adêge Radèn Parikêsit | ya Dipayana ji | kabèh saur manuk ||

8. wus mangkana Yudhisthira Aji | mingsêr dènnya lunggoh | nunggil lawan Sri Krêsna lungguhe | ing dhêdhampar mung wayah pribadi | sang prabu taruni | siniwaka mungguh ||

9. ya ta angling Prabu Arimurti | hèh ta wayah ingong | kaki Dwara lan Danurwendane | timbalana ing byantara aji | tan antara prapti | ing ngarsa sang prabu ||

10. angandika Prabu Arimurti | kaki sira karo | ing samêngko pan kinarsakake | dadi mantrimuka sira kalih | Ngastina nagari | satêlatahipun ||

11. kabèh nayakanira sang aji | sira kang yogya mong | tur sandika rahadèn kalihe | sasampuning [sasampu...]

--- 243 ---

[...ning] ingestrenan sami | pinatah kang linggih | ing ngarsa sang prabu ||

12. angling malih Sri Krêsna Sang Aji | lah ta sira karo | ing samêngko padha wus sinung rèh | among misesa kang bumi-bumi | dèn angati-ati | amriha rahayu ||

13. ajana kang sulaya ing kapti | ing rèh dèn agolong | dipun abipraya ing karsane | aywana kang karsa rêbut dasih | mrih katon pribadi | marang sang aprabu ||

14. tan prayoga têmah mêmarahi | darêngki angrodonangradon. | ujêr sira mêngko panutane | kabèh nayaka para bupati | poma sabên ari | atunggala kayun ||

15. aywa pralêbda ing tyas tan yogi | satêmah karyawon | pan gumunggung darbe ambêg dhewe | yèku nungkul ing barang pakarti | lali ing pandasih | ira mring sang

--- 244 ---

prabu ||

16. ing samêngko sira wus kinardi | busanèng karaton | yèn ing jalma môngka satriyane | ratunira upama kênyadi | yèn satriyanèki | carobo tan bêsus ||

17. pangarahnya antuka ingkang sih | marang sang lir sinom | iku uga mangkono pamane | ulah laras miwah ulah kardi | lêlurinên sami | kang amrih rahayu ||

18. pangrèhira mring para bupati | dèn kadi sira non | ing sotya kang luwih ujwalane | dipun rêsêp rumakêting galih | miwah dèn akadi | nyapa marang sunu ||

19. dadya sagung kang para bupati | mangkana tan seos | pamrihira marang panêkare | wruhanira ing jaman puniki | yèn tan nir ing budi | budayaning kayun ||

20. ring

--- 245 ---

pakaryan sayêgti kaèsthi | mangkana ponang wong | mila dipun èngêta karone | aja karêm nangsaya wadyalit | kang wus dèn lakoni | kawajibanipun ||

21. yèn mangkana sayêgti sirèki | kataman wiraos | ing rêrasan kang ijap sarune | mrih sarana têmahan nir siri | agnya ta mrih natiniti. | tinilar tan ketung ||

22. katungkuling kalobanirèka |Guru lagu seharusnya : 10i, katungkuling kalobanirèki. kretanta tan katon | kang mangkono sirnakna dèn age | aywa kongsi kalêbêtan ugi | ing praja akardi | pêpêtênging laku ||

23. aywa siring pamongirèng dasih | wèh ayêm dèn ayom | ujêr mung sira pangaubane | kabèh sagotra wadya narpati | kang patut linuri | mung mantri pangayun ||

24. lamun wadya sasana sinung sih | kang kasudran seos | iku dudu sang nata karsane | têmah sira rusuhi pribadi | dohna [doh...]

--- 246 ---

[...na] aywa kongsi | kasêbut ing kusut ||

25. kawruhana rarêgêding budi | yèn sira salah ton | katungkuling pêpenginan bae | karêming wong kang sarana picis | tilara mrih titi | tan nêdya rahayu ||

26. lamun ana mantri tyasirèki | karêm ngawon-awon | ing wawêngkon kawêratan kabèh | wruhanira ya awon pribadi | singna dèn aglis |Kurang satu suku kata: sirnakna dèn aglis. saking sungsungipun ||

27. yogya lihên sangking goning lami | ywa mêksih nèng kono | tunggalêna golongan liyane | pamrihira manawa marèni | ambêgnya kang drêngki | dene ta wong iku ||

28. lamun nora nêdya amarèni | lungakna dèn adoh | aja ngambah praja salawase | nora wurung mêmarahi drêngki | wong mangkono kaki | yèn wus karsa prabu ||

29. nora kêna sirarsa wèh picis | sêsiku ing katong | amung wekanana salawase |

--- 247 ---

lawan malih sira dipun amrih | maring wadyanyaji | ngenaki sakayun ||

30. tan kantênan mahambêg longlongi | tyase kang winêngkon | iya iku ingaran jalmakèh | bisa manjing marang agal alit | pamawasan wasis | wasita tan tungkul ||

31. ya ta sira pinatah pêpatih | sandika wotsinom | ingkang eyang malih andikane | lah ta kaki sira sabên ari | rarasan ywa sêpi | kang maring mrih madu ||

26. Dhandhanggula

1. hèh sirèku siwayèngsun kalih | sira dadi wêrangkaning nata | aywa ambêg salah wèngwèng | wêweka aywa tungkul | kaki abot wong dadi patih | tinulat wong sapraja | lamun kongsi luput | sasat setan ngômbra-ômbra | nora wurung panêkare dadi eblis | ngajak karya piala ||

2. lamun sira wruh ing kramaniti | tinatular ing wadya sadaya | tumêrah satêlatahe |

--- 248 ---

pasthi padha mrih ayu | jêr kayungyun polah ning patih | wruha ta wayah ingwang | ala lawan ayu | ing budi ana kang marah | sangking gone kumudu anunggal kapti | anut saparibawa ||

3. milanipun awas sira kalih | wus tinitah dadya sudarsana | sawêngkonira kakabèh | undhangana pitutur | aywa pêgat kang amrih yêgti | kaya wong kang utama | tuman ing tyas ayu | nuhun wayah kalihira | utamane taru tumaruna nuli | apanduk aning karsa ||

4. saya ngrêda ngrêmbaka tan sipi | wus tan samar mamrih ing utama | wau rahadèn kalihe | dhasare wus pinunjul | wuwuh antuk pitutur niti | titih tètèh atata | sangking eyangipun | papuntoning mêngku praja | Arywa Dwara lan Danurwenda pêpatih | kalihnya ngaras pada ||

5. wus mangkana kasukan tan sipi | sang anindya-mantri kalihira | wuwuh ing tyas wiragane | dènnya gung sinung [si...]

--- 249 ---

[...nung] tutur | mring Bathara Sri Arimurti | tinata tamtunira | ing driya mrih ayu | mangkana Bathara Krêsna | angandika malih kinèn animbali | putrane Dyan Wisatha ||

6. Arya Udara wus praptèng ngarsi | dhinawuhan kulup gumantia | eyangira karatone | sira madêga ratu | anèng nagri Mandura mangkin | siniwèng wadyabala | Mandura sadarum | Arya Udara sandika | sampun sami ngestrenan adêging aji | Prabu Wisathaputra ||

7. Prabu Udara sigra ngabêgti | wus winulang ambêging karajan | tan winarna rêroncène | datan pae kang sampun | lawan kyana patih kêkalih | sêdaya wus kadriya | ing warah mrih ayu | mangkana malih ngandika | Sri Bathara Krêsna kinèn animbali | putrane Burisrawa ||

8. lawan malih kinèn animbali | sutaning Arya Drusthajumêna | Prabu Drupada wayahe | wus samya praptèng ngayun | dhinawuhan kinèn gumanti |

--- 250 ---

sutaning Burisrawa | ing Mandraka Prabu | jêjuluk Prabu Kisrawa | ing Ngamarta Prabu Duskala wêwangi | wus samya atur sêmbah ||

9. sasampune arsa bêg sêsami | ingkang mêntas kinulawisuda | sinung kamulyan lungguhe | sinêngkakkên ing luhur | wus mangkana kang para aji | ya ta Sri Yudhisthira | sêgsana dhêdhawuh | kinèn amatah punggawa | miwah para sêntana badhe angiring | lêlana amêmuja ||

10. dènnya arsa mrih mugsa sang aji | amêminta kinarya sarana | ing kamugsan saantuke | lawan sapungkur ingsun | akaryoa kang candhi sari | ing alun-alun gènnya | onoa sapuluh | luhur kari sinungana | sastra ingkang darbe candhi siji-siji | Patih Dwara sandika ||

11. wus mangkana kondur sri bupati | angêdhaton lawan ingkang wayah | miwah raka kadang kabèh | sapraptaning kêdhatun | ingkang ibu Dèwi Untari | malajêngi kang putra | Dipayana Prabu | lajêng sami [sa...]

--- 251 ---

[...mi] lêlênggahan | Sri Bagawan Baladewa datan têbih | lawan Bathara Krêsna ||

12. Sri Bagawan Yudhisthira Aji | rarêmbagan dadining ubaya | enjinge badhe budhale | samana ingkang ibu | Dèwi Kunthi wus dèn aturi | miwah rêtna dayinta | Drupadi sang ayu | tuwin Sang Wara Sumbadra | sarta Dèwi Citrahoyi dèn timbali | wus praptèng ngarsa nata ||

13. alon matur Yudhisthira Aji | mring kang ibu ing saliring karsa | kang ibu suka galihe | dènira sampun sêpuh | wus tan ana tinolih-tolih | amung maring kamugsan | mangkana sang prabu | adhêdhawah maring garwa | miwah ingkang para ipe kinèn ngrukti | sarananing lumampah ||

14. wus jinatèn sadaya karsaji | yèn wus kundur lajêng sami mugsa | kang garwa suka galihe | miwah kang para arum | Rêtna Dèwi Sumbadra tuwin | putri ing Parangguwa | Citrahoyi tumut | bela kamugsaning priya | Rêtna Dèwi Untari umatur aris |

--- 252 ---

kayungyun badhe bela ||

15. Sri Bathara Krêsna ngandika-ris | lah ta sira nini durung môngsa | putranira magsih rare | mangke wus madêg ratu | sira yogya ingkang ngêmongi | benjang sakarsanira | wus rèrèh sang ayu | pinupus narimèng titah | lan ningali kang putra wus madêg aji | mêgsih sangêt taruna ||

16. Sri Bathara Krêsna matur aris | mring kang bibi sarwi angrarêpa | lah bibi panduka mangke | sampun tumut pukulun | midêr maring jaban nêgari | mindhak andados karya | panduka wus sêpuh | amunga kang para putra | kangjêng bibi pênêt kantuna rumiyin | anganti jroning pura ||

17. benjang kewala yèn sampun prapti | jêng panduka amilua mugsa | kang bibi lênggana kang rèh | sêmana tan winuwus | antaranya sigra sang aji | sampun apêparentah | samêgta ing laku | ya ta Arya Patih Dwara | amêmatah sagung [sa...]

--- 253 ---

[...gung] ingkang pra dipati | kang badhe umiringa ||

18. ing Mandraka Prabu Kisrawaji | miwah Arya Nirbita Wiratha | Prabu Dupara andhèrèk | lawan Ngamarta Prabu | Sri Dustaka sawadyanèki | tuwin Radèn Sêtyaka | ya ta tan winuwus | samêgta lajêng budhalan | datan mawi wahana dènnya lumaris | lumampah lawan garwa ||

19. Patih Dwara sawadya prasami | ngatêrakên sajawining praja | lan Danurwenda rowange | lan Baladewa Prabu | tuwin Notèng Lisanpuraji | wangsul jawining praja | sêdaya èsmu luh | sigra Arya Patih Dwara | sapraptaning nagara parentah nuli | akarya candhi kêmbang ||

20. angupaya kayu ingkang wangi | garu kêlawan kayu cêndhana | Patih Dwara parentahe | rinajangan pan sampun | pan pinatut sawiji-wiji | undha-usuk gêngira | miwah luhuripun | tinatrap apan tinata | sêsakane cêndhana ingkang

--- 254 ---

kinardi | lawan sasundukira ||

21. balandare kêkancing myang takir | kayu rasamala kang kinarya | dene wuwung myang sirape | kabèh bêlabag garu | wus samêgta tinata sami | dèrèng sinungan kêmbang | nganti rawuhipun | siyang dalu tinuguran | ing punggawa kang kari para bupati | kunêng kang nambut karya ||

22. kawuwusa kang andon lumaris | anêlasak ngambah padhusunan | arêmbên wau lampahe | Bagawan Darmasunu | lawan para kadange sami | miwah kang para garwa | myang Sri Krêsna Prabu | lawan sagung wadyabala | kang umiring mila arêmbên lumaris | tinut satitahira ||

23. lawan anut lampahe pawèstri | anèng marga ing sakarsa-karsa | sinambi rêrasan sarèh | surasaning rasèku | nênggih panjing suruping pati | karana wus amôngsa | ing kamugsanipun | tan tungkul ing sêrarean | ing samarga agung [a...]

--- 255 ---

[...gung] adêdana mintir | mrih sukaning lumampah ||

24. lamun wontên candhi dèn rêsiki | myang kabuyutan kang sami risak | samya sinaenan kabèh | sinung arja kêlangkung | wus mangkana lampahe prapti | anèng dhusun Mahija | gya kèndêl sêdarum | manjing jroning pêkarangan | Sri Bathara Krêsna kagyat aningali | dènnya anon wong desa ||

25. kabèh rôndha prasamya anangis | siji nora nana wonge lanang | sang nata ngungun galihe | apa karananipun | dadya sami dipun timbali | praptèng byantara nata | sadaya dinangu | darunane pamulanya | lawan niki tan ana lanang sawiji | paran ta marmanira ||

26. kabèh matur ing ngarsa sang aji | inggih sami kakecalan priya | sampun tigang dalu mangke | dèrèng wontên kang mantuk | kesahipun lakyamba gusti | Bathara Krêsna tanya | mring ngêndi lakimu | wong rôndha [rô...]

--- 256 ---

[...ndha] matur atur anêmbah |Lebih dua suku kata: wong rôndha matur anêmbah. tan wontên wrin margi kesahipun latri | amung pakaryanira ||

27. amêmandung kang sami binukti | wong sadesa pangupa boganya | dènnya mèk darbèking sanès | sang nata sami ngungun | amiyarsa aturing èstri | Bathara Krêsna lingnya | hèh kawruhanamu | yêgti datan kawisesa | lamun juti wasesa solahirèki | lawan ta dadi dosa ||

28. wong dursila awalèh ing kardi | durung ana ingkang angudia | ora kêna tinrapake | ing kadursilanipun | yèn katrapa angrusak adil | kaya ta upamanya | angugêmi catur | rasan-rinasan ing warta | datan kêna ngugêmi kinarya sisip | satêmah kuwalêsan ||

29. wus mangkana kawarnaa malih | wontên tiyang mêntas ngambil wrêgsa | ing Sambita padhusune | kapiandhêm lumayu | cinêgatan sagunging baris | cinandhak katur

--- 257 ---

sigra | ing ngarsa sang prabu | dinangu umatur nêmbah | pan kawula tiyang ing Sambita gusti | wastamba pun Gapura ||

30. mila gêpah lumajêng puniki | gugub binujung ing sima kathah | ya ta anantara ture | praptane sima agung | nêrak baris anggêgirisi | gègèr kang wadyabala | ngandika sang prabu | sigra Sang Bathara Krêsna | lan Sang Parta sami nglêpasi jêmparing | sima kenging sadaya ||

31. tanpa sesa samya ruwat sami | mulih dadya manungsa sadaya | wus datan pangling wismane | sami asuka sokur | ya ta wau ingkang parèstri | rôndha dhusun Waita | awas dènnya dulu | lamun priyanira prapta | datan taha supe yèn anèng ngarsaji | marani lakinira ||

32. kapiandhêm samya anangisi | lakinira amilu karuna | apan kathah sêsambate | sang nata langkung ngungun | miwah sagung kang para ari | tuwin kang wadyabala | sadaya gagêtun |

--- 258 ---

tan nyana lamun mangkana | dene langkung kaelokaning dewadi | Bathara Krêsna lingnya ||

33. kayaparan sira iku sami | dene padha kabèh salah rupa | kang dinangu lon ature | inggih amba pukulun | kalanipun kesah mamaling | mring wukir Rewataka | pratapaning wiku | nama Bagawan Watrika | sinupatan awarni sima puniki | Sri Krêsna malih nabda ||

34. lah ta mêngko sira mêgsahmêgsih. uning | ing prênahe gunung Rewataka | kang dinangu lon ature | inggih èngêt pukulun | botên têbih sangking ing ngriki | punika katingalan | anggraning kang gunung | tur inggih têlatah tuwan | sami karèh nagari ing Dwarawati | nata malih ngandika ||

35. lah ta uwis sira iku sami | sun ngapura kabèh dosanira | amung maria ing têmbe | aja alaku dudu | kadursilan bêcik dol kardi | apa sasukanira | sayêgti rahayu |

--- 259 ---

sadaya matur sandika | Sri Bathara Krêsna angandika malih | hèh kabèh wruhanira ||

36. praptaningsun ing dhukuhirèki | sun mêminta sakuwasanira | sandika sami ature | sadaya kusung-kusung | jalu èstri tur-atur sami | sawusira tinampan | sang nata gya mundhut | bêrana sangking nagara | pinaringkên mring wong sadesa nampèni | kêkucahing narendra ||

37. sami nêmbah sumungkêm ing siti | Sri Bathara Krêsna angandika | bagenên kancamu kabèh | ya iku dananingsun | lah anggonên ngupaya bugti | paitan salaminya | pêsthi iku cukup | sadaya nuwun sandika | inggih mugi antuka sawabing gusti | Nata Krêsna ngandika ||

38. mring kang rayi Sri Yudhisthiraji | yèn suwawi inggih tinêdhakan | ing Rewataka dhepoke | pun Watrika sang wiku | langkung sidik ingkang pawarti | êning tyas ambêg santa |

--- 260 ---

kasutapan putus | lawan wus môngsa punika | arêrasan lan pandhita lamun kenging | kinanthi kawruhira ||

27. Kinanthi

1. Prabu Yudhisthira matur | dhuh sumôngga kaka aji | lêrês ing karsa punika | lamun katungkul mênawi | ing dêlahan mindho karya | satêmah nistha kêpati ||

2. Bathara Krêsna lingnya rum | kadi botên yayi aji | paduka sampun utama | marsudyèng pati patitis | datan kewran ing panunggal | lan Bathara Hudipati ||

3. amung sasêmbèn lumaku | ing bêbasan mrih birai | rêrakiting kasunyatan | ngilangkên was-wasing galih | nênungkul nala drigama | ing kamugsan mrih lêstari ||

4. Sang Sena mèsêm ing kalbu | mangkana karsaning galih | lah ta kadang-kadang ingwang | mangkono idhêpe sami | dene ta pasang graita | Wrêkudara brêbês mili ||

5. dene padha salah surub | tiwas tendhuh ta si kaki | tuna titahe si bapa | têka tan [ta...]

--- 261 ---

[...n] tunggal lan mami | apa gawe iku padha | puruhita mring maharsi ||

6. ing pati magsihnya ngalup | tiwasa jênêng pribadi | mangkana Bathara Krêsna | Sang Sena sinapa aglis | lah yayi sira udrasa | paran kang karasèng galih ||

7. Wrêkudara alon muwus | dhuh kakang udrasa mami | ngandhêg ardaning wardaya | paran ing dêlahan benjing | wusananing kang sinêdya | sapa ta kang bisa mêsthi ||

8. Bathara Krêsna amuwus | sirèku yayi kakêlir | lire wusana si kakang | kabèh-kabèh mung sirèki | kang bisa mrih hayuningrat | sira wus sun sêbut kalih ||

9. lair batin ariningsun | laire mêgsih nasabi | anut marang jamanira | yèn mungguha sira yayi | angèdhèng nora prayoga | satêmah nganèh-anèhi ||

10. angakua iku luput | kalimput tanpa pangèsthi | jêr mêgsih anggawa wadhag | katungkula iya sisip | sêpi kawruhing sanyata | mulane [mula...]

--- 262 ---

[...ne] mung sira yayi ||

11. batine sira wus cukup | kacakup jamaning ngangakir |Lebih satu suku kata: kacakup jamaning ngakir. dadi sirèku riningwang | bisa nunggal rasa jati | jatining kang kasunyatan | wikan basukining urip ||

12. mêgsih kataman ing kayun | kayungyun ing sih kaswasih | yèku dirgamaning pêjah | paran dènira gumingsir | kira-kiraning wardaya | môngka rêncananing pati ||

13. ya ta wus datan winuwus | wuwusing amrih basuki | sampun lajêng lampahira | gumuruh wadya kang ngiring | marang wukir Rewataka | datan winarna ing margi ||

14. wus rawuh sukuning gunung | kocapa sang maha rêsi | nênggih Bêgawan Watrika | saman pan sampun tampi |Kurang satu suku kata: samana pan sampun tampi. sasmita badhe tamuan | wong agung misesèng bumi ||

15. sigra dènira amêthuk | marang sukuning kang wukir | solahe karagan-ragan | mangigêl samargi-margi | sarwa santi jaya-jaya | manadukarèng wêwangi ||

16. sumungsunging gônda arum | dènnya sumawuring sari | sumrambah samarga-marga |

--- 263 ---

praptaning sukuning wukir | wau ta sri naranata | tuwin sagung para ari ||

17. ngungun kang samya andulu | dènnya sumawur kang sari | tan antara katingalan | sang bagawan praptanèki | lajêng umarêg ing ngarsa | gupuh Prabu Arimurti ||

18. sigra cinandhak sang wiku | kinurmat tinunggil linggih | sang bêgawan kipa-kipa | nalôngsa amangênjali | Bathara Krêsna amêgsa | dadya sang wiku nuruti ||

19. dangu bagya-binagya wus | sang bêgawan angaturi | têdhaka maring asrama | sadaya lajêng lumaris | kerit Bêgawan Watrika | prapta ing pidakanpidikan. sami ||

20. sadaya ngaturan gupuh | munggèng pacrabakannèki | tuwin sagung wadyabala | wus karya pakuwon sami | samana risang bagawan | sunggatanira amintir ||

21. wowohan mawadi arum | sutanira sang lir Ratih | kênya utamayu endah | ingkang kinèn angladèni | tuwin endhange satunggal | tut wuri

--- 264 ---

angêladèni ||

22. sang nata suka kêlangkung | dènira anèng ing wukir | Rewataka saha wadya | kacaryan mring sang ayogi | dènnya mrih mring tamunira | dahat noraga ngrakêti ||

23. tan môntra-môntra yèn wiku | bisa sumusup andasih | kabèh samya ngalêmbana | ing tingkahe sang maharsi | sih lulut ingkang tumingal | sadaya wadya nêrpati ||

24. sami kakênan tyasipun | bisaning sang maha rêsi | wau Rahadèn Sêtyaka | sadangunira ningali | mring sutaning sang bagawan | wasta Rêtna Puspawati ||

25. kayungyun rahadèn wuyung | uyang wigêna tan sipi | agung katonton ing tingal | kusuma rêtnaning wukir | kinêkêr praptèng wardaya | nalikane ngêladèni ||

26. agung liniring pandulu | saparane tinut wuri | tansah pinanduk ing tingal | Radèn Sêtyaka ing galih | yèn sampuna èngêting [èngê...]

--- 265 ---

[...ting] tyas | lagya umiring ramaji ||

27. kadi agea sinambut | tanpa tolih lara pati | mangkana karsaning driya | adhuh pawongan ing wukir | si wong apa kang mangkana | wong ayu tan ana gêmpil ||

28. warnane rêspati mulus | adhuh mêmanising lathi | wong adêdêg lênjang-lênjang | jêtmika sêmune wêdi | lamun suwita mring priya | baya ika anastiti ||

29. mung sathithik cacatipun | emane wisaningwismaning. wukir | lawan ika nora timbang | rasaning tyas ingsun iki | bok iya abela lara | dadia tunggal panganti ||

30. dhuh mirah rêtnaning gunung | mentara saking ing wukir | payo ngumbara lan ingwang | suwita mring Dwarawati | tan pantês anèng aldaka | mundhak busik irêng kusi ||

31. pêpantêse mirah ingsun | dadya putra Dwarawati | sokur pisan yèn dadia | iya mantune [ma...]

--- 266 ---

[...ntune] ramaji | adhuh adoh elokira | apa baya ingkang margi ||

32. nora koyoa sang wiku | bisa timên karya siwi | nanging ta panduganingwang | dudu anak gone ngukir | pantêse anak pêpujan | dhanyang kang rumêgsèng wukir ||

33. pan kinarya gawe sunu | yèn tan mangkonoa ugi | iku tênung kang pinuja | miwah ingkang guna dhêsthi | pinusthi dadi manungsa | ginawe sikarèng tami ||

34. suka lila raganingsun | dèn arata tênung putri | jêr ingsun arsa jêjanggan | marang Watrika Maharsi | sun sêdya têngga bêdhiyan | dimène wêlasa kêdhik ||

35. lawan kusumaning gunung | jêr wus padha pinèt siwi | ingugung sadina-dina | wong roro têngga asrami | adhuh mendah sukaningwang | kêlakona karsa mami ||

36. sênadyan èstua tênung |

--- 267 ---

miwah prayanganing wukir | kang pinuja dadi jalma | suka sirnaa wak mami | pinèta pêri ing arga | witning wor kayangan mami ||

37. wau ta radyan tyasipun | tan kawawa nandhang branti | trênyuhing tyas lajêng mêdal | tan ana kang graitani | praptaning jawi sêmana | mangaring-aring tan aring ||

38. sinamur-samur tan lipur | tan kawawa nandhang branti | mangiwa-ngiwa kawangwang | wêwangune sang lir Ratih | dadi sangsaya wiyoga | rajaputra Dwarawati ||

39. nêngna ingkang nandhang wuyung | anèng jawining asrami | wau Bagawan Watrika | umatur marang sang aji | dhuh pukulun batharèngwang | ingkang misesa ing bumi ||

40. nugraha gêng kang dhumawuh | dene panduka nêdhaki | maring dhêdhepok kawula | punapa kinarsan gusti | pun dasih têtiyang [têti...]

--- 268 ---

[...yang] dama | nistha tan pantês sumiwi ||

41. upami sêsôngka dhawuh | tuwin lintang lawan sasi | munggèng sana mung sadina | paran dènira utami | dhuh bathara kang tinitah | amumpuni ing sabumi ||

42. sampun tan kirang pukulun | ing pamêngkunirèng dasih | Bathara Krêsna manabda | hèh ta kadang karo mami | aywa sandea ing driya | malah yêgti ingsun iki ||

43. kapotangan sihirèku | tan sita-sita mênuhi | bangêt panarimaningwang | muga winalêsa benjing | kamulyan ingkang utama | pêpangkataning swargadi ||

44. sang bagawan langkung nuhun | sumuyut konjêm ing siti | Sri Krêsna malih ngandika | hèh wruhanira sang yogi | mulaningsun iki prapta | lawan kadang-kadang mami ||

45. anèng ing dhepokirèku | awit kacaryan [ka...]

--- 269 ---

[...caryan] miyarsi | kuwasaning sabdanira | duk anèng Wahita mami | ana wong arupa macan | sawusnya ingsun ruwati ||

46. mulih mring manungsanipun | kabèh umatur mring mami | awit mula-bukanira | sangking pakaryanirèki | jêr wong iku padha salah | mulane sira pisakit ||

47. Bagawan Watrika matur | dhuh pukulun sang dewaji | botên katênta kawula | kuwasa amindha rêsi | sangking kabutuh ing driya | amung kawula ungêli ||

48. makatên wicantên ulun | hèh kang sêdya salah kapti | yêgti nêmu salah rupa | ing angganira pribadi | hèh kang arsa lali sira | yêgti liniru pangègsi ||

49. hèh kang nêdya nora tuhu | kadung kaduwung pinanggih | hèh kang karêm ing piala | iya alanta pribadi | angalami marang sira | datan antara tumuli ||

50. amung punika pukulun | tanpa môntra malih-malih |

--- 270 ---

sangking mudha punggung dahat | saungêl-ungêle gusti | rèhning sru guguping driya | srinata ngandika aris ||

28. Sinom

1. hèh ta Bagawan Watrika | puniku luwih prayogi | ujarira kang mangkana | kêna linuri ing wuri | benjing yèn ana jalmi | karêm piala kêlangkung | marang ing sêsamanya | kêna tinulat kadyèki | nora wurung nêmahi ing angganira ||

2. andhêngku risang bagawan | sang nata ngandika malih | sun iki arsa têtanya | mring sira ingkang sayêgti | pira laminirèki | gonira ana ing gunung | iya ing Rewataka | dene salawase sami | tamiyar lamun kanggonan pandhita ||Kurang satu suku kata: tan miyarsa lamun kanggonan pandhita.

3. gunung iku milu ingwang | karèh nagri Dwarawati | tan ana atur uninga | iya marang jênêng mami | kiwa têngêning wukir | arang kang padha angrungu | yèn sira atêtapa | ana ing wukir puniki | Sang Bagawan Watrika alon [a...]

--- 271 ---

[...lon] turira ||

4. pukulun sri naranata | kawula dèrèng alami | dêdunung ing Rewataka | pan inggih sawêg sawarsi | botên anêdya gusti | pun dasih amindha wiku | amung sêdya umpêtan | anggèn kawula nèng ngriki | ngungsèkakên momongan amba punika ||

5. nama Dèwi Puspawatya | rare kênya wau gusti | putri ing Sriwantipura | wontên gancaripun gusti | nênggih ingkang sêsiwi | dhumatêng momongan ulun | Prabu Cindhakapuspa | ing Sriwantipura nênggih | milanipun putrine ngong bêgta kesah ||

6. nêgari Sriwantipura | wontên ripu agêng prapti | têmahan campuhing yuda | ratu kawula kajadhikajodhi. | kapupuh ing ajurit | kongsi anêmahi lampus | madyaning ngadilaga | kawula gusti agiris | sabêdhahe nagari Sriwantipura ||

7. pun patik anuntên kesah | ambêgta sang raja putri | katiga semah kawula | mila prapta wukir ngriki | ngungun Sri

--- 272 ---

Arimurti | sang bagawan malih matur | punapa jêng panduka | karsa nguninga ing nguni | babarpisan alurane kina-kina ||

8. ngandika Bathara Krêsna | lah iku luwih prayogi | dadi wruh sanak lan warga | nora kadung amastani | upama ingkang lali | wêruh sasirahing luhur | mangkana sang bagawan | sandika umatur aris | dhuh pukulun ing nguni ratu kawula ||

9. Sang Prabu Cindhakapuspa | punika ingkang sêsiwi | nama Sri Cindhasurasa | sadhèrèkipun pangarsi | lan Cindhasupalaji | nênggih sami putranipun | Sang Prabu Citramuka | ing Srawantipura nguni | Prabu Citramuka ingkang apêputra ||

10. nênggih Sang Prabu Kalora | Kalora ingkang sêsiwi | anênggih Prabu Madrasa | nênggih Madrasa Sang Aji | punika kang sêsiwi | Prabu Wiruha pukulun | putra Prabu

--- 273 ---

Pratipa | Prabu Pratipa ing nguni | kang putra nênggih Prabu Sandawista ||Kurang satu suku kata: kang pêputra nênggih Prabu Sandawista.

11. Sri Sandawista putranya | Sang Aprabu Soda nguni | Prabu Soda kang pêputra | Prabu Suwarna Sang Aji | Suwarna kang sêsiwi | Sang Bathara Kumarèku | Kumara kang pêputra | Sang Bathara Mahayêgti | Mahayêgti sutaning Hyang Mahyantika ||

12. Sang Hyang Mahanti putranya | nênggih Sang Hyang Maya nguni | putranipun Sang Hyang Tunggal | Sang Hyang Tunggal kang sêsiwi | pan Sang Hyang Wênang gusti | lah punika ta pukulun | nênggih aluranira | momongan kawula gusti | dene ulun puniku tuhu kawula ||

13. inggih amung môngka êmban | dhatêng sang raja pinutri | kang nginyani sêmah amba | awasta nyai Sugandi | dene praptamba ngriki | têka kathah kang anêbut | pandhita mring kawula | winastan wiku sêjati | tur kawula têdhaking alit balaka ||

14. ya ta Sri Bathara Krêsna | suka dènira miyarsi | mring wuwuse Sang Watrika |

--- 274 ---

sadaya kang para ari | samya suka tan sipi | miyarsa aluranipun | Sri Krêsna angandika | hèh bapa pan kadang mami | wruhanira sagung pangucaping jalma ||

15. kang samya nêbut pandhita | yèku pakoning dewadi | jawata tan kêkilapan | maring pakaryanirèki | kang maring nadya titi | tinatular kadang karuh | purwanira kawêntar | poyan-pinoyan sayêgti | kabèh iku sôngka pakoning jawata ||

16. nêmbah Bagawan Watrika | umatur angasih-asih | dhuh pukulun sang bathara | mugi antuka ingkang sih | ing sabda pandukaji | kang tumrap ing ôngga ulun | lêstantune kawula | manêmbah ing pada aji | Sri Bathara Krêsna alon angandika ||

17. iya apa sakarsanta | jawata pasthi nuruti | barang saosiking titah | ingkang ala lawan bêcik | jawata tan mikani | sayêgti padha [pa...]

--- 275 ---

[...dha] jinurung | nanging pinangkat-pangkat | panêmunira pribadi | ingkang nêdya ala iya nêmu ala ||

18. kang bêcik ing manahira | panêmune iya bêcik | hèh Sang Bagawan Watrika | lamun lêga tyasirèki | sutanira sang putri | lah puniku ingsun pundhut | dadia mantuningwang | dhaupa lan putra mami | Si Sêtyaka arsa sun adêgkên raja ||

19. ing Dwarawati nagara | sira yogya angêmongi | wau Rahadèn Sêtyaka | duk miyarsa sangking jawi | sigra lumêbêt malih | sarwi ngunandikèng kalbu | dhuh apa lamat-lamat | ngandikaning rama aji | pamyarsèngsun nganggo putri lan Sêtyaka ||

20. rahadèn wus praptèng ngarsa | tan ana kang graitani | sang bagawan matur nêmbah | dhuh gusti lêganing galih | sumôngga asta kalih | amba sung darmi pukulun | rumêgsèng putra tuwan | nênggih sang raja pinutri | wus mangkana

--- 276 ---

tan winarna lampahira ||

21. dènira anèng ing arga | sagung ingkang para aji | ya ta enggaling carita | nuju dina Soma Manis | Sang Dèwi Puspawati | lajêng dhinaubkên sampun | lawan Radèn Sêtyaka | Raja Putra Dwarawati | ingkang garwa putri ing Sriwantipura ||

22. tan winuwus wiwahanya | wau pangantèn kêkalih | sampun atut jêjodhonan | raja putra lawan putri | antara dina malih | Bathara Krêsna umatur | marang Sri Yudhisthira | dhuh pukulun yayi aji | anjurunga kawula sèlèh karajan ||

23. inggih dhatêng pun Sêtyaka | mêngkua ing Dwarawati | umatur Sri Yudhisthira | sumôngga ing kaka aji | kawula angèstrèni | inggih adègipun ratu | dhatêng putra kawula | pun Sêtyaka Sri Bupati | Sri Bathara Krêsna sigra angandika ||

24. marang sagung

--- 277 ---

para kadang | he sagunge ari mami | padha sira ngèstokêna | ingsun lumungsur samangkin | dene ingkang gumanti | sutanta Sêtyaka iku | amêngkua nêgara | iya anèng Dwarawati | pinaringan jêjuluk Prabu Sêtyaka ||

25. lawan malih garwanira | Sang Rêtnayu Puspawati | ing mangke sun êlih aran | nama Dèwi Sêtyawati | dayintèng Dwarawati | dene inya-inyanipun | ni Endhang Sugandika | tulusa dènnya ngêmongi | miwah kadang ingsun Bagawan Watrika ||

26. ya ingsun paringi aran | juluk Bagawan Maharsi | têtêpa kapandhitannya | anèng Rewataka wukir | lan malih sun paringi | desa kiwa têngênipun | ing wukir Rewataka | sandika kang para ari | kabèh

--- 278 ---

samya jumurung karsane raka ||

27. ya ta Sang Prabu Sêtyaka | lajêng marêg mangênjali | kêlawan dayintanira | Kusumayu Sêtyawati | tuwin risang maharsi | sunêmbah anuwun-nuwun | sawusnya tulus suka | Bathara Krêsna ling malih | lah Bagawan Watrika sira wêruha ||

28. lunganingsun sangking praja | lawan kadang-kadang sami | arsa angancas kamugsan | benjing yèn prapta nagari | ing mangke karsa mami | apan arsa amêmundhut | ing sakuwasanira | kinarya sarana pati | gangSang. Bagawan Watrika duk amiyarsa ||

29. angungun mijil kang waspa | wasana umatur aris | dhuh pukulun sri narendra | datan nyana ingkang dasih | lamun makatên gusti | ing karsa panduka prabu | raosing tyas kawula | duk miyarsa ing sapdaji | lir angganing têtiyang angêmut gula ||

--- 279 ---

30. sadangune eca-eca | tan wruh ilang sangking lathi | sangêt kaduwunging manah | kecalan raosing gêndhis | makatên kang upami | duk wau amba pukulun | danguning anèng ngarsa | langkung suka ingkang galih | sarêng myarsa ing pangandika mangkana ||

31. kêlaping atma mangkana | mangkatên ing karsa gusti | lir tinêbak ing mong tuna | langkung gagêtuning galih | dhuh inggih-inggih gusti | amung pangèstu pukulun | dhumatêng pun Watrika | amung kawula ing wingking | kadi nuntên pun dasih anduduk mugsa ||

29. Mêgatruh

1. Sri Bathara Krêsna angandika arum | lah iya sakarsa mami | ngantêpi trêsna maringsun | kudu nutugakên bêcik | dhuh Watrika kadang ingong ||

2. lah ta iku tuhu utamèng tumuwuh | kang uninga ing abêcik | dadi tan pêgat [pêga...]

--- 280 ---

[...t] sakayun | kang kaya jênêngirèki | iku musthikaning uwong ||

3. duk sêmana tan winuwus laminipun | sang nata lan para ari | tan pêgat ing sabên dalu | gunêman lan sang maharsi | amrih lêstarinirèng don ||

4. lawan malih birai sajroning kalbu | ngilangkên was-wasing galih | ginulang ing tamtunipun | wikan basukining pati | tinata durung kalakon ||

5. duk samana tan tara ing laminipun | sadaya nulya apamit | marang Watrika Sang Wiku | sampun budhal sangking wukir | gumuruh sagung ponang wong ||

6. Sang Aprabu Sêtyaka magsih tut pungkur | kêlawan diyantanèki | tuwin inyanira tumut | miwah sira sang maharsi | andhèrèk sang maha katong ||

7. ing samarga agung rêrasan anutug | lawan sagung para ari | ing pati

--- 281 ---

amrih rahayu | kasunyatan kang patitis | Bathara Krêsna lingnya lon ||

8. yayi Sena payo dèn padha aguyup | karya sêsambèn lumaris | lawan uwis mangsanipun | gunêm mrih utamèng pati | sêdhêng padha mêdhar kawroh ||

9. yayi Parta apa kang anèng sirèku | punapadene ri aji | mugi sami urun-urun | sampun katungkul prasami | sang nata umatur alon ||

10. inggih langkung sangking prayogi pukulun | lah suwawi kakang aji | murwani karya pêpucuk | wontêna linuri-luri | têturutan botên keron ||

11. Sri Bathara Krêsna angandika arum | nolih marang para ari | payo yayi dipun rêmbug | kang karya sêmanging ati | ing driya kang padha tanggon ||

12. ingsun ingkang miwiti karya pêpucuk | yayi [ya...]

--- 282 ---

[...yi] ana kang upami | kang laku tanpa pangawruh | kawruh tanpa dèn lakoni | iku êndi ingkang abot ||

13. yèn ngêmungna laku sêpên ing pangawruh | paran dumununging pati | kanyatahan mêsthi kuwur | jêr nyatane nora mêsthi | sangking pangancasing kothong ||

14. nanging lampahipun sangsaya ginêntur | amêpêt pôncadriyèki | lawan ingkang tanpa laku | kawruhe luwih prayogi | kasunyatan tan tumpangso ||

15. karo iku yayi jalma ingkang punggung | padha-padha amrih êndi | kawruh iya lawan laku | rinangkêpa paran yayi | pêperangane ing kono ||

16. ing wêkasan iya ora gawa laku | amung kawruh kang kinanthi | pêsating atma lêstantun | wangsul muhung kang têtèki | prataningpraptaning. don nora seos ||

17. lawan ingkang waskitha

--- 283 ---

maring pangawruh | sirnane padha lêstari | ing kaanan durung tamtu | jêr tan bali awêwasianiwasi. | dadya ingkang luwih kathong ||kothong.

18. tanpa laku miwah sêpi ing pangawruh | wêkasan padha lêstari | ya tatan. balik tutur-tutur | tibaning jaman ginaib | iku yayi karya ewoh ||

19. Prabu Yudhisthira angandika arum | mênggah ing kawula pêsthi | ambujêng ingkang pangawruh | tan tuna ugêring urip | nyirnakkên was-wasing batos ||

20. miwah lamun dèrèng ta tamtu puniku | kamulyan sajroning pati | tan wontên ingaran kawruh | sintên ingkang karya ngèlmi | yêgti nyatane wus mathok ||

21. dene ingkang sakêlangkung mudha punggung | kêlawan manggung têtèki | kawruhe tan pinakèlupinaèlu. | kawêkasane ing benjing | luluh mring akal kemawon ||

22. dadya tunggil [tunggi...]

--- 284 ---

[...l] asal graitane suwung | nora bodho nora kanthi | ingobah pijêr akatut | nora obahe pribadi | kêbanjura luwih asor ||

23. Sang Arjuna lan natèng Mandraka muwus | bok kadi ing padukaji | ing wêkasan tan kaduwung | waskitha sajroning pati | yêgti ing rèh botên repog ||repot.

24. Sri Bathara Krêsna malih ngandika rum | bênêr kang kaya ri aji | sokur rinangkêp pikantuk | dhuh kajaba ari mami | payo yayi Sena gupoh ||

25. wêdharêna pun kakang pan arsa wêruh | wêwijangane kang pasthi | Dyan WarkudaraWrêkodara. sumambung | kakang mungguh awak mami | bênêr kabèh kang pangawroh ||

26. ing dêdunung kabèh nora nana luput | yêgti amung kurang rêsik | dene kawruh lawan laku | tan kêna tinggal sawiji | kècèra salah sawiyos ||

--- 285 ---

27. kabèh-kabèh dadi asor ing pangawruh | lamun kang marsudèng gaib | nanging kawruhana iku | wêkasing sawiji-wiji | poma ajana kang keron ||

28. kawruh iku busana ing patènipun | amrih lêstari basuki | wruh ing sangkan paranipun | mumpuni èngêt ing galih | waskitha maduning awon ||

30. Dhandhanggula

1. mungguh perangane rong prakawis | iya ingkang karêm maring tapa | nanging sêpên pangawruhe | iya tan darbe luput | jêr pikantuk jamaning urip | mila dipun anêdya | tunggale puniku | kawruh lawan tarakbrata | luwih sangking prayoga jisim puniki | arja praptèng wêkasan ||

2. kang têtèki ugêring ngaurip | busananing kamugsan punika | mrih bisa manjing jisime | aywa tiba ing saru | lamun dahat mangkono ugi | kasêbut tan utama | kamugsane iku |

--- 286 ---

jisime yêgti kapiran | dene lamun muhung miliha sawiji | kalêbu tan pangrasa ||

3. ngandêlakên têtèkinirèki | nora amrih kawêkasanira | benjang praptèng kamugsane | poma gêni kang murub | nora obah lawan tan mosik | sanadyan arsa molah | wong durung sumurub | paran ginawe molaha | gêni tanpa sêsorot yêgti tan mandi | dipaning pramuditya ||

4. ngamungakên kamugsan ya sisip | tanpa olihnolèh. marang kang tinilar | dadi mèh datanpa gawe | lire kang tanpa laku | ngamungakên badan pribadi | masdakkên ing kaanan |Lebih satu suku kata: maspadakkên kaanan. de ta nuli lampus | wong wus wruh sajatinira | kamulyane ana jaman jroning pati | prandene mêgsa awrat ||

5. tur saijap kamulyaning pati | maèwu-èwu lawan ing donya | têka magsih sungkan bae | yèn durung janjinipun | mula [mu...]

--- 287 ---

[...la] padha dèn ngati-ati | kawruh kalawan lampah | dipun amrih kumpul | tan kewran sakarsa-karsa | waskitha mrih bisa mati jroning urip | uripe salaminya ||

6. dene jalma ingkang sawêg pingging | nora kawruh lakune tinilar | ya mandhêg samono bae | upama we tinutup | nalikaning jamaning ruripurip. | sapraptane wêkasan | wutah ingkang ranu | bêlabar maring bantala | sapa kang wruh ilang asating kang warih | sirna wus tan winarna ||

7. ya ta wau Prabu Arimurti | tuwin kang rayi Sri Yudhisthira | suka kabèh sakadange | dènnya miyarsa wuwus | waskithane ri Jodhipati | wèh dêdunung kalintang | nahên lampahipun | praptèng dhusun Sarahita | sami mulat wontên tiyang nini-nini | nèng têngah patêgilan ||

8. sarwi ngadhêp sumur amèt warih | nanging toyane

--- 288 ---

datan ingalap | lamun wus antuk ingkang we | dèn sok malih mring sumur | tiyang wau lajêng anangis | sakêdhap lajêng nimba | malih maring sumur | yèn wus antuk ingkang toya | sru gumuyu alatah kang tirta nuli | sinuntak lajêng mular ||

9. salamine mangkana siniwi | ya ta wau sang sri naranata | kagyat kabèh pandulune | nanging ngungun kalangkung | kapitingkapitèng. tyas kang para putri | mulat tingkah mangkana | saksana sang prabu | mrêpêgi sawadyabala | atêtanya sang nata marang wong nini | lah nini wus mênênga ||

10. kagyat ingkang dinangu wotsari | sumuyut kadya konjêm ing kisma | wruh lamun iku ratune | sang nata lingira rum | ingsun tanya mring sira nini | paran ta tingkahira | lan sapa aranmu | dene sira gung

--- 289 ---

mangkana | kayaparan darunaning tyasirèki | kang dinangu tur sêmbah ||

11. dhuh pukulun lêpata ing sisip | patikbra purun imbal wacana | rèhning ngong kinarsakake | wasta amba pukulun | pun Ruminta marma anangis | tingkah kadi wong edan | wontên purwanipun | ing nguni badan kawula | sadèrènge aprang Bratayuda nguni | kathah donya kawula ||

12. langkung sangking murwating wong cilik | kala têgsih arjane nagara | lajêng wontên aprang gêdhe | kawula jrih kêlangkung | dadya donya kawula sami | ingungsèkkên sadaya | linêbêtkên sumur | kongsi kêbak dening donya | ulun tilar kesah ngili sangking ngriki | dupi arjaning jaman ||

13. kawula gusti lajêng nuwèni | donya kang wontên sumur punika | sampun têlas korang-karèng | samêndhang botên kantun | langkung

--- 290 ---

ngungun kawula gusti | gagêtun lir matia | mila amba wau | kagingsir solah mangkana | dhuh pukulun dêduka kang mugi-mugi | pêparinga pariksa ||

14. sintên ingkang wajib anjampèni | susah atine tiyang sajagat | yêgti sang nata kang darbe | kang yogya wèh pitulung | raharjaning kang bumi-bumi | jêr tan wontên sinambat | amung jêng sri mulku | wau ta kang para nata | duk miyarsa sami angungun ing galih | dene ta kaelokan ||

15. angandika sang sri narapati | hèh Ruminta aja sira susah | ingsun ingkang mulihake | kabèh donyanirèku | iya ingsun ingkang nglironi | pira kèhe brananta | ni Ruminta matur | langkung panuwun kawula | pinaringan sih ganjaran jêng dewaji | nanging kirang parigsa ||

16. pan sadaya inggih sihing gusti | botên mêdal adiling nagara | badhe atilar [ati...]

--- 291 ---

[...lar] titine | wisesane siningkur | dhuh pukulun kangjêng dewaji | mênggah panuwun amba | dèn sami amantuk | mêdala sangking wisesa | sampun kongsi kakirangan sangking adil | karya rêtuning jagat ||

17. sapintên ta kêkucahing gusti | wus wajibe ing sadina-dina | ratu dana wus agême | wau ta sang aprabu | duk miyarsa langkung prihatin | ngênglêng kewran ing driya | ya ta malih matur | Ni Ruminta sarwi nêmbah | dhuh pukulun mugi dèn parigsa sami | isining praja tuwan ||

18. lamun datan tinitik tiniti | têmah risak kang amrih raharja | kalindhih denedening. panggawe | ing wong nêdya laku dur | lêbda jiwa kang ulah juti | karya pêtênging jagat | pijêr kèh rêrusuh | mèsêm padmi Madukara | wus kabuka graitane amrih titi | mingêr lajêng anyêlak ||

19. sigra matur Sumbadra

--- 292 ---

wotsari | dhuh pukulun kakang sri narendra | lêrês puniki ature | pun Ruminta pukulun | pan samêndhang tan wontên sisip | yèn panduka kewrana | ugêring kaprabun | atilar titi pariksa | botên wande pijêr dahuru ing bumi | ngajapakên durgama ||

20. ingkang kadi ature puniki | pan sumêndhangsamêndhang. tan wontên kang gothang | yèn ratu ngapura bae | tilar wasesanipun | tangèh lamun pariksa dhimin | mendah laku dursila | angêbêgi lurung | curnan lêstari solahnya | jêr ta mawas ratune amindha rêsi | atilar wêsiasat ||

21. nuntên tinular-tular wadyaji | inggih wontêna kang ambêg darma | yêgti sumambranèng gawe | jêr ratu mindha wiku | graitane tan antuk runtik | tutug sapolah-polah | nanging ta pukulun |

--- 293 ---

wontên utamaning uga | yèn sang prabu angugêmi ambêg rêsi | amrih sukaning wadya ||

22. ratu iku wus mumpuni bumi | têtambuha mring darbèking wadya | kang bêcik aywarsa pinèt | sapa kang kaya ratu | nora kewran amrih linuwih | tan sarasaning wadya | lêluwihing ratu | sayêgti nayakanira | wiragane karya busanèng nagari | kasup kaonang-onang ||

23. tinut utamèng liyan nêgari | wontên malih rêsi prayoganya | sanityasa sadinane | anggêlara wêwuruk | amrih sampun sêlaya budi | sagotra nyudarsana | ing sabda pukulun | ing wêkasan abipraya | sabiyantu ing karsa mamrih pakolih | punika yèn sêmbada ||

24. mênggah pun nini Ruminta mangkin | jêng panduka lajêng parentaha |

--- 294 ---

nimbali kiwa têngêne | tiyang cêlak ing ngriku | jalu èstri aywana kèri | yèn sampun sami prapta | panduka dhêdhawuh | amundhut sumur punika | lawan kinèn anglêbêti brana sami | dipun kongsi akêbak ||

25. nanging tuwan paringa gêgiri | lamun ana wong tan mituhua | rinayah bale omahe | yêgti ngriku pukulun | kawistara kang laku juti | lan malih nimbalana | wong Sarahitèku | satunggal minôngka tôndha | dinangua tuhu norane si nini | yêgti ana kang wikan ||

26. duk sêmana sang sri narapati | Nata Krêsna dènira miyarsa | Wara Sumbadra ature | kêlangkung suka ngungun | sukanira dene kang rayi | bangkit bengkas bicara | ing pangungunipun | têka si nora koyoa | dene iku wanodya budine luwih |

--- 295 ---

eman tan dadi priya ||

27. Sang Arjuna mèsêm anèng wuri | amiyarsa ature garwanya | wicagsana graitane | sang nata amituhu | wus parentah kinèn nimbali | têtiyang Sarahita | praptèng ngarsa prabu | dinangu ing wastanira | lawan malih dinangu lamun udani | donyane Ni Ruminta ||

28. kang dinangu umatur wotsari | kawula gusti wasta pun Gêna | inggih tiyang panunggile | pun Ruminta puniku | inggih nguni tuhu yèn sugih | langkung sangking ngakathah | sêsamining dhusun | duk dèrèng prang Bratayuda | dupi sampun têntrêm dahuruning jurit | kawula tan miyarsa ||

29. sukèng driya Prabu Arimurti | dènnya kaya sira Ni Ruminta | têtela kasugihane | sigra wau dhêdhawuh | animbali tiyang kêpering |

--- 296 ---

kang cêlak Sarahita | kiwa-têngênipun | kang dinuta sigra mentar | tan antara praptèng byantara ngarsaji | sêgsana dhinawuhan ||

30. nora gothang lir ature ngaringarsi. | sampuning prentahkên sadayanya | kabèh sandika ature | ajrih antuk babêndu | dadya sami sung-usung nuli | aluran angrêrêmbat | kathah warnanipun | gada lawan kakêthokan | myang busana sampun cinêmplungkên nênggih | ing jro sumur sêdaya ||

31. tan antara sumur kêbak malih | donya pulih sami sanalika | Ruminta langkung bingahe | dadya alon umatur | dhuh pukulun sri narapati | punika darbèk amba | kang ical rumuhun | tan owah warnine lama | mêgsih wêtah sadaya tan wontên cicir | tuhu lamun punika ||

--- 297 ---

32. langkung ngungun ingkang aningali | marang kathahing kang rajabrana | tuwin tan owah warnane | Bathara Krêsna muwus | wruhanira kabèh sirèki | kang samya sung barana | ing sajroning sumur | ya bangêt tarimaningwang | nanging iku kabèh darbèke si nini | kang padha sira alap ||

33. luwih bêcik marènana benjing | aja sira laku kadurjanan | mungsuhe umurmu dhewe | amriha kang rahayu | nora kurang ngupaya bugti | isine marcapada | bugti kabèh iku | sadaya matur sandika | Sri Bathara Krêsna angandika malih | marang Nyai Ruminta ||

34. hèh Ruminta elinga ing wuri | sira iku ginadhuhan brana | marang dewa sayêgtine | luwih samining dhusun | bêcik nganggo lumrah ing budi | yèn kang budi angeman |

--- 298 ---

rang brananipun |Kurang satu suku kata: marang brananipun. lah ta iku kawruhana | nora wurung sirna pinèt marang bêlis | tan têkèng anak wayah ||

35. Ni Ruminta umatur wotsari | dhuh gustiku kangjêng sri bathara | mugi sagêtda ing têmbe | nyudarsanèng sabdayu | inggih dhatêng kawula gusti | lan malih jêng panduka | aparing pitulung | punika karsaning dewa | ingkang karya kaelokan sri bupati | pamalêsing kawula ||

36. gusti amba rekane puniku | têtawur prang paduka pun Rawan | kawula gusti biyunge | ya ta wau sang prabu | duk miyarsa ngungun ing galih | dadya Nyai Ruminta | pinaringan wuwuh | donya agung pira-pira | Ni Ruminta suka nuwun awotsari | sang nata wus parentah ||

37. marang sagung wong desa kapering | nênggih sami kinèn angusunga |

--- 299 ---

barana marang wismane | Nyai Ruminta iku | tur sandika lajêng ngusungi | sawusnya tan winarna | sêmana sang prabu | bidhal malih saha wadya | ing samarga-marga agung dènnya ngèsthi | wêkasing kasunyatan ||

38. mila rêmbên sakarsa lumaris | anut lampahe para wanodya | mangkana wau lampahe | sagung kang para ratu | lon-alonan samargi-margi | tan pêgat arêrasan | mrih rahayunipun | lêstari donya ngakerat | kasunyatan maring basukining pati | panjing suruping pêjah ||

39. tan winarna lampahirèng margi | sampun praptèng dhusun Mantiasta | Sri Pandhawa sabalane | sang nata sigra nuduh | Arya Sena kinèn nimbali | tiyang ing Mantiasta | Sang Sena lumaku | praptaning jro padhusunan | tiningalan sêpên datan ana jalmi | wismane mung satunggal ||

40. alit [a...]

--- 300 ---

[...lit] tinon korine kumunci | pinapêrkanpinarpêkan. marang Arya Sena | èstu kinunci lawange | ing jro ana wong watuk | Wêrkudara ngandika aris | hèh ingsun wênganana | lawang dipun gupuh | kang anèng jro lon aturnya | lah andika sintên kang aminta kori | Bratasena ngandika ||

41. wruhanira Wêrkudara mami | kang anèng jro alon aturira | dipun agung agsamane | dasih tuwan pukulun | botên sagêt mêngani kori | kawula nandhang papa | cintraka kêlangkung | Arya Sena sêmu dakaduka. | ponang kori dinêdêl bujat wus manjing | wau ta wus katingal ||

42. ana wonge sawiji alinggih | lênguk-lênguk sarwi kakêmulan | anèng ngarsane patanèn | Sang Sena nyêlak gupuh | alon angling asêmu runtik | dènnya tan kinurmatan | hèh sirèku busuk |

--- 301 ---

pagene datanpa krama | ingsun prapta têka ngena-enakngenak-enak. linggih | rupamu kuwarasan ||

43. nalikane ingsun minta kori | sira warah anandhang cintraka | kang liningan lon ature | adhuh gusti wong agung | sampun tuwan kalintu tampi | pun dasih yêgti papa | mulane kakêmul | nasabi cintraka amba | sadangune matur sarwi angungkabi | kêmule katingalan ||

44. sukunira kêkalih kaègsi | ngandhaping wêlakang sami pêgat | têngahe pupu lêrêse | dadya sinambung kayu | pinêtha lir sadêkung linggih | kayu ginatra sila | mangkana turipun | dhuh gusti inggih punika | sakit kula milamba matur ing gusti | sawêg nandhang cintraka ||

45. duk tumingal Sang Sena tan angling | pan gagêtun dènira dêduka | dadya anyêlak lungguhe | sang kasmala rinangkul |

--- 302 ---

dhuh sirèku kêkasih mami | kaki apuranira | tan nyana wak ingsun | lamun anyandhang kasmala | tuhu sira kêkasihing batharadi | lah kaki wus karia ||

46. sun undange kabèh kadang mami | ingkang padha kari anèng jaba | sigra Sang Sena lampahe | tundhuk ing raka katur | saliring rèh wus katur sami | wiwitan lan wêkasan | kang raka angungun | têmah samya gêgawokan | sri narendra sadaya samya nêdhaki | wus praptèng wismanira ||

47. Sri Bathara Krêsna anêdhaki | marang ingkang anandhang kasmala | sigra piniyak kêmule | katingal wêntisipun | sri bathara awas ningali | tuwin kang sami mulat | sagung para ratu | ngandika Bathara Krêsna | hèh sirèku kêkasih ingsun sayêgti | sapa ta aranira ||

48. lah

--- 303 ---

waraha purwanirèng nguni | iya kaki ing lêlaranira | kang dinangu lon ature | dhuh pukulun sang prabu | pun Anggira wastanta gusti | tiyang sangking Malawa | inggih gamêlipun | ratu ing Malawapatya | nalikane gusti amêdali jurit | wontên ing Kurusetra ||

49. ratu kawula apêsing jurit | sarêng pêjah lan dipangganira | pun Aswatama gajahe | nalika sedanipun | pan kawula mêgsih nyêpêngi | titihane turôngga | sru rame pinupuh | pun dasih kenging warastra | nginggil dhêngkul ngandhaping wêlakang kêdhik | pupu kêkalih rantas ||

50. pan kawula lajêng ambruk gusti | nulya wontên parmaning jawata | asih dhatêng kawulane | kuda wau pukulun | inggih têgsih amba cêpêngi | têka sagêt angucap |

--- 304 ---

kadya jalma tuhu | mêkatên pangucapira | hèh sirakusirèku. payo gendholana mami | lah mêngko ingsun gawa ||

51. yêgti.dadya kamulyanirèki | ana ingkang nuduh kasampurnan | marang sirèku ing têmbe | nuntên kawula anut | gumandhuling kêkapa nênggih | pun kuda lajêng mentar | lumêbêt ing dhusun | kang wasta ing Mantimanta | ingkang ulun dunungi kawula gusti | nanging sawêg kewala ||

52. sampun lami labête asêpi | inggih nuntên kawula tinilar | kantu wontên ngriki ijèn | kapal lajêng lumêbu | dhatêng dhusun kidul puniki | ingkang cêlak katingal | ing Soda pukulun | ing samangke pun turôngga | wontên ngriku kawarti sagunging jalmi | angakên panêmbahan ||

53. margi agung idining turanggi | anuruti [a...]

--- 305 ---

[...nuruti] panêdhaning jalma | inggih kongsia praptèng mangke | kathah wong anênuwun | malah tiyang dhusun kêpering | sami tumut anêmbah | mring kuda puniku | yèn sampun sami anawa | mring pun kuda sadaya lajêng mariki | ngopèni mring kawula ||

54. anyukani têdha amba gusti | lawan ingkang anyambêti wrêgsa | ing suku amba kalihe | inggih tiyang sedèku | sabên ari makatên gusti | sangking pakène kuda | wau ta sang prabu | ngungun sadaya miyarsa | dene ana kaelokaning dewaji | kabèh samya kasmaran ||