Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 01-14)

Katalog:Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121
Sambung:
1.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 01-14). Bahasa dan Budaya | Wayang #1231.
2.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 15-30). Bahasa dan Budaya | Wayang #1232.
3.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 31-38). Bahasa dan Budaya | Wayang #1233.

Sêrat Paramayoga

Anyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Nabi Adam tuwin Babu Kawa, turun-tumurun ngantos dumugi para dewa.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

Bêbuka

1. Dhandhanggula

1. sinarkara purwakaning tulis | Dite Manis kaping nêm candrama | Dulkijah Êdal warsane | Sangara punang windu | Warigagung môngsa Asuji | angkaning warsa Hijrah | sèwu tigang atus | kalih wêlas kang Isaka | sinung têngran kagunan ro kèsthi tunggil |Sengkalan: kagunan ro kèsthi tunggil: (Ahad Lêgi, 6 Dulhijah 1823 A.J., Senin, 11 Juni 1894 A.D.). dènnya mardi wardaya ||

2. pamrih madya rèhing kramaniti | ngeman manah mamrih manuhara | ran tan wrin dawèng dhirine | angimpun rèh rahayu | rinarasing basa basuki | yayah môngka manetah | sagunging apunggung | srana sirnaning malèng tyas | ninging rasa sasmita ingkang nênarik | ngratna sanepanira ||

3. saking sêkunging

--- 4 ---

tyas amêmundhi | mêmusaka caritaning kuna | katamana supangate | sang para mardika nung | para luhur ing tanah Jawi | tumusing kautaman | nulusa saturun | mamêthik gancaring kôndha | duk akiring Janbanujan kang linuri | dungkap ing kamanungsan ||

4. kang minôngka bêbukaning rawi | Kangjêng Nabi Adam lan kang garwa | Dèwi Kawa nalikane | dinukan ing Hyang Agung | tinurunkên saking swargadi | nèng donya sru kaswala | darunanirantuk | babêndunirèng Pangeran | awit saking nêrak laranganing Widhi | dhahar wowohan swarga ||

5. yèku ingkang anama woh kuldi | jêng nabi sru panêlangsanira | dahat mêminta inggale | luwar saking papa gung | lêlampahanira jêng nabi | prituwin ingkang garwa | duk nèng swarganipun | mangkya kang winarnèng gita | ya ta muhung pinugut ri wusnya lami | antuk parmaning Suksma ||

6. kangjêng nabi gya jumênêng aji | mêngku nagri Kusnia Malebar | angratoni sakabèhe | sato kewan wana gung | tuwin kutu-kutu kumêlip | ngwiyat dharat samodra | samoa sumuyut | wusnya lamyantaranira | wau dènnya jumênêng nata jêng nabi | anulya darbe karsa ||

--- 5 ---

7. nênuwun mring Hyang Kang Maha Sukci | yun mêdharkên wijining manungsa | sumungku ing pangèsthine | ngêningakên pandulu | gya anyipta tanajultarki | makatên pardikanya | inggih turunipun | wiji pêncaring manungsa | tan antara gyantuk pitulunging Widhi | kadugèn sêdyanira ||

8. Dèwi Kawa anulya garbini | dupi prapta ing sêmaya babar | nanging wahyaning putrane | dhampit putri lan kakung | ngantos gangsal rambah anênggih | sajroning limang warsa | dadya sabên taun | Dyah Kawa dènnya pêputra | sarambahan kang putra awon kang warni | sarambahan warnendah ||

9. dupi sampun diwasa prasami | karsanira Kangjêng Nabi Adam | pan arsa dhinaupake | putri kang nora ayu | dhinaupkên lan kakung pêkik | priya kang warna ala | angsal èstri ayu | nanging karsane Dyah Kawa | para putra wau samia akrami | kadang sêsarêngannya ||

10. putra ayu dhaup kakung pêkik | priya awon angsal èstri ala | têmah sulaya karone | rêbut bênêring kawruh | nora nana kang ngrasa sisip | pamurbane mring putra | adhaku-dhinaku | cukêng lan adrêng têmahan | samya nyipta rahsa kang minôngka saksi |

--- 6 ---

pamurbanirèng putra ||

11. winadhahan anèng cupu manik | pinapuja môntra kalihira | mring Pangran sru pamintane | dupi antara dangu | gya binuka kang cupu manik | rahsanira Dyah Kawa | amung warni marus | rahsanya Jêng Nabi Adam | wus katingal gatra sipating bêbayi | rêragangan manungswa ||

12. Dèwi Kawa mring raka minta sih | anoraga karana rumôngsa | lamun kasor pangwasane | pamurbane mring sunu | kanyataan nèng cupu manik | wusana Dèwi Kawa | nut pangrèhing kakung | tan pisan nyulayanana | dènirarsa dhaupkên wau pra siwi | inggal yun linaksanan ||

13. nahên rahsanira kangjêng nabi | kang dumunung jroning cupu rêtna | kang wus lir bayi sipate | pan tinurunan sampun | kodrat lawan iradatihi | datan antara lama | wus sampêt sadarum | sêrandonirèng sarira | balung sungsum rudira kulit lan daging | tandya cahya nurbuwat ||

14. kang dumunung larapan jêng nabi | takdirolah ngalih mring kang putra | atas gaibing Hyang mangke | putra tinêngran sampun | Sayidina Êsis Jêng Nabi | dahat mrawatèng driya | saha suka sukur | ing Allah Kang Murbèng

--- 7 ---

Jagad | cinarita Sayid Sis samana lagi | ingêmban kang sudarma ||

15. nuntên wontên prahara gung prapti | nêmpuh cupu manik gya kabuncang | ing bahrul ahli tibane | wontên ngriku pinulung | dening malaekat Ijajil | mangsuli kang winarna | Dèwi Kawa wau | dumlundung dènnya pêputra | dhampit kadi kang wis winursitèng ngarsi | mung wontên juga putra ||

16. kang tinitah datan miyos dhampit | putri Siti Unun panêngrannya | agêng ainggil dêdêge | pinetung putranipun | babu Kawa kang miyos dhampit | kawan dasa kêmbaran | manawa ingetung | Dyah Siti Unun kêlawan | Sayid Êsis wolung dasa lan kêkalih | pra putra sadayanya ||

17. dupi sampun diwasa tumuli | dhinaupkên lir wau karsanya | jêng nabi putra kang sae | lan awon dhaupipun | sanggyanira umèstu sami | gya dhinawuhan mêncar | dènira dêdunung | dhatêng saliyaning tanah | kang ingagnyan umentar mangkya kawarni | wontên putra kang murtat ||

18. tigang kêmbaran sami tan apti | dhaup lan sanès sêsarêngannya | yeka Sayid Kabil rane | dene sarênganipun | Dyah Alimah

--- 8 ---

ingkang wêwangi | putri Siti Dayunah | sêsarênganipun | Sayid Abdul Karis rannya | Sayid Lata lan Siti Ujwa pan sami | tinundhung saking praja ||

19. Sayid Kabil lawan Abdul Karis | Siti Aklimah Siti Dayunah | angalor ngetan puruge | de Lata Ujwa wau | sami ngidul ngilèn sarimbit | wontên putrèng Nabyadam | kang ugi tinundhung | nama Akjuja Makjuja | warnanira manjila lawan sêsami | kèplèh talinganira ||

20. tan kantênan purugnya kêkalih | Kangjêng Nabi Adam kang winarna | saklangkung ing sih trêsnane | dhumatêng putranipun | ingkang nama Sayidina Sis | kocap Sayid Sis angsal | nugrahèng Hyang Agung | garwa absari sing swarga | rum-arume Dyah Mulat endah kang warni | nutug dènnyamong trêsna ||

21. kacarita Malekat Ijajil | wus miyarsa yèn Sayid Sis angsal | nugraha jatukramane | absari ing swarga gung | nandhakakên puniku bilih | sinihan ing Pangeran | Ijajil kalangkung | ngangkah murih têdhakira | lêstaria salami-lami anunggil | lan trahing Nabi Adam ||

22. mrih ing têmbe madêga narpati |

--- 9 ---

angratoni saisining jagad | samana sru pamintane | ing Hyang Kang Maha Luhur | tinurutan èsthining ati | Ijajil darbe suta | èstri yu linuhung | Dèwi Dlajah wastanira | awit saking kasaktènira Ijajil | warnane Dèwi Dlajah ||Di dalam bait ini ada grafik: Nabi Adam kalihan Babu Kawa, wontên sangandhaping wit sajaratil.

23. pinindha lir garwanya Sayid Sis | binêkta mring Kusnia Malebar | Dyah Mulat kang salugune | samana tan kadulu | siningitkên dening Ijajil | dumadak karsaning Hyang | Sayid Sis duk dulu | mring wau sang mindha warna | datan kêni sinayut brangtaning galih | saksana sinanggaman ||

24. Sang Ijajil datan samar bilih | nutpah wus manjing maring tanakan | mila sru sukèng driyane | sang dyah binêkta wangsul | mring kahyangan wus tan kaèksi | Dyah Mulat kang sanyata | anulya kadulu | kacatur wau sang rêtna | wus garbini dupi praptanirèng wanci | babar kêmbar putranya ||

25. amarêngi wanci julungwangi | palêthèking surya sangking purwa | wujud bayi sawijine | warni cahya sumunu | tunggilira sutèng Ijajil | Dyah Dlajah ugi babar | warni rahsa nuju | julungwujud wancinira | yèku wanci suruping pradônggapati | maring pracimantara ||

26. punang [pu...]

--- 10 ---

[...nang] rahsa gya binêkta dening | Sang Ijajil mring nagri Kusnia | gya winorakên putrane | Sang Dèwi Mulat wau | ingkang wujud cahya nêlahi | cahya saksana gatra | bêbayi ing ngriku | jêng nabi dahad sihira | mring pra wayah kang tuhu pêkik ing warni | gumilang cahyanira ||

27. nulya sami sinungan wêwangi | ingkang wujud bayi nama Anwas | dene wayah satunggile | kang warni cahya wau | nama Anwar dupi wus lami | diwasa Sayid Anwas | kayungyun ing kayun | olah sampurnèng agama | Sayid Anwar karênanira mêrtapi | ing wana kutha arga ||

28. siluk sungil rumpil tan pinikir | jurang rèjèng pèrèng tinarajang | kacarita subratane | kongsi kalantur-lantur | praptèng wana ing tanah Kêling | kang ran wana ambalah | kasidèn ing ngriku | kapanggih lan ingkang eyang | Malaekat Ijajil amindha warni | lir wiku maratapa ||

29. Sayid Anwar pruhita winangsit | ing kagunan prawiraning aprang | myang umanjing ajur-ajèr | tan gêsêng dening latu | tuwin nora têlês ing warih | mancala putri putra | lirnya bangkit santun | warnèstri utawi priya | angumbara myang amblês dhasaring bumi | lan [la...]

--- 11 ---

[...n] aji pangabaran ||

30. utawa nuksma ing agal rungsit | lirnya bisa katon bisa sirna | gaib-gaib sadayane | kacakup nuksmèng kalbu | Sayid Anwar tumuli mulih | mring Kusnia Malebar | maswèng eyangipun | jêng nabi tan kasamaran | mring kang wayah yèn mêntas pruhitèng ngèlmi | mring Ijajil Malekat ||

31. tôndha solahbawanya katawis | tan lir ingkang wayah Sayid Anwas | jêng nabi arum dêlinge | mring Nabi Sis hèh kulup | sutanira Anwar sayêkti | têmbe ngukiri marang | rèhing agamayu | Sayid Sis dupi miyarsa | panabdaning sudarma ngungun ing galih | nyipta takdiring Suksma ||

32. kacarita wau kangjêng nabi | jumênêngnya nèng tanah Malebar | pinetang wiwit kalane | dinukan ing Hyang Agung | tinurunkên sangking swargadi | praptèng samana dungkap | yuswa sangang atus | langkung sangang dasa warsa | nulya seda Sayid Sis ingkang gumanti | ing kanabeanira ||

33. dene putra kang gumantya aji | lumulus nèng Kusnia Malebar | ngrèh pra kadangnya wus dene | para pulunanipun | Sayid Kayumarat tumuli | salin jêjulukira | Prabu Kayumatu | ya ta wau

--- 12 ---

Sayid Anwar | myat sedane kang eyang dahat prihatin | panggagasing wardaya ||

34. dene eyang iku têka mêksih | kênèng aral tan tulus dènira | tumitah nèng jaman rame | sok mangkanaa ingsun | uga bakal kêna ing pati | sêmana Sayid Anwar | sru pangangkahipun | supaya sariranira | manjilaa lan sapadhaning dumadi | ywa kênèng lara lena ||

2. Pangkur

1. mungkuring tyas Sayid Anwar | datan nêdya mèstu rèhing sudarmi | mangkana osiking kalbu | yèn sun mêksih anuta | agamane jêng eyang suwargènipun | tan wun kasipatan ngaral | rumakêt lara lan pati ||

2. tanpa tuwas ngong tumitah | Sayid Anwar gya lolos saking nagri | sêdya lêlana angruruh | kang minôngka sarana | murih sagêd kalis ing roga myang lampus | dupi lampahira dungkap | sajawinirèng nagari ||

3. kacatur nuli kapanggya | lan kang eyang Malaekat Ijajil | binêkta umentar gupuh | dhumatêng tanah lulmat | dumunung nèng têpining jagad puniku | mila tan ajêg kataman | soroting pradônggapati ||

4. adhêm pêtênge kaliwat | goning [go...]

--- 13 ---

[...ning] tirta panguripaning bumi | tirta marta kamandhanu | têgêse toya gêsang | ingkang mêdal saking musthikaning mêndhung | Ijajil sapraptanira | ing ngriku gya mêsu kapti ||

5. dahad mêminta Hyang Suksma | katarima gya ana mêndhung prapti | Ijajil suka andulu | tan pae Sayid Anwar | rèh ngrasa yun kadugèn sasêdyanipun | ing ngriku gya katingalan | wontên musthika dumêling ||

6. mijil toyanira gêsang | asli saking sêgara rahmat suci | Sayid Anwar sigra ngunjuk | lan siram sariranya | malah risang darbe panêdyarsa mundhut | nanging kewran rèh tan ana | ingkang minôngka madhahi ||

7. Ijajil wus datan samar | marang Sayid Anwar osiking galih | nulya ingulungan gupuh | kanang cupu sêsotya | kagungannya Jêng Nabi Adam ing dangu | kang sirna dening prahara | wau cupu dèn wastani ||

8. cupu manik Asthagina | têgêsipun cupu ingkang darbèni | daya sawab warni wolu | kang sampun kanyataan | samubarang kaisèkakên ing ngriku | sayêkti tan kêna têlas | gya ngisèn banyu kayati ||

9. wusing kêbak nuli mentar | Sayid Anwar mrangguli [mrang...]

--- 14 ---

[...guli] sawiji wit | barindhil ngarang ronipun | anuli pinarpêkan | risang tampi sasmitanira Hyang Agung | wit iku arane rawan | akèh sawabira yukti ||

10. oyotirèng wau wrêksa | yèku dadi panguripaning bumi | isining jagad kang lampus | manawa kaungkulan | ing oyoting kang wrêksa rawan puniku | mulya tan sida pralaya | Sayid Anwar sigra ngambil ||

11. kanthi sukaning wardaya | yèku oyod ran lata maosadi | punika darunanipun | para dewa kagungan | pusakèng rat tirta marta kamandhanu | cupu manik Asthagina | saha lata maosadi ||

12. Sayid Anwar samentarnya | sangking tanah lulmat sêdyaning galih | kondur marang prajanipun | ing Kusnia Malebar | wus dilalah takdiring Hyang Maha Agung | bingung tan wruh ing marganya | kalunta jajah wanardi ||

13. sumêngka angganingagraning. arga | manjing jurang sirung kang sungil rumpil | kongsi pirang-pirang taun | tanbuh ingkang sinêdya | kacarita kalamun panêngênipun | dungkap panjênênganira | nênggih Kangjêng Nabi Edris ||

14. Sayid Anwar maksih tapa | midêr-midêr ngalaya jajah

--- 15 ---

bumi | cakraning bawana kêmput | kacatur lampahira | dupi wau prapta ing pasisiripun | kang nama sagara Ngerak | yeka ing tanah Arabi ||

15. Sayid Anwar prapta miyat | yèn ing luhur wau kang jalanidhi | ana wujud dwi gumandhul | kôntha sipating janma | Sayid Anwar marpêki têtanya arum | kang tinanya tanggap nabda | wruhanira ingsun iki ||

16. aran Haruta Maruta | angsal ingsun malekat sing swargadi | ing nguni pêparab ingsun | Ngijan tuwin Ngijaya | nalika nèng sawarga tômpa sêsiku | ing Allah Kang Murbèng Jagad | puwara nèng kene mami ||

17. dene sun wus ora samar | yèn sirèku putrane Jêng Nabi Sis | kêkasihirèng Hyang Agung | Sayid Anwar duk myarsa | panabdane malekad kêkalih wau | ngungun sadarpa jrihira | mintaksama ngasih-asih ||

18. alon matur manuhara | dhuh pukulun lamun parênging galih | kawula nyuwun pituduh | wijanging kawruh tama | kang nirnakkên mêmala malaning kalbu | mrih sumilak anarawang | Karut Maruta nuruti ||

19. Sayid Anwar gya winulang | kasunyatan kawruh ubênging bumi | lakuning surya sitèngsu | utawa [u...]

--- 16 ---

[...tawa] taranggana | winarsitan ngèlmu wruh ing basanipun | makluk sèsining rat raya | Sayid Anwar wus pratitis ||

20. ing sanalika rumôngsa | brastha sanggya mêmalanirèng bumi | mangkana malih umatur | dhuh sang sampurnèng guna | yèn kaparêng kawula mangke nênuwun | mugi panduka nêdahna | kanyataaning swargadi ||

21. amba kumacèlu priksa | Harut Marut mangkana amangsuli | hèh ta kaki wruhanamu | lamun sirarsa wikan | marang kôntha-kanthaning swargadi luhung | age sira umentara | anuruta bêngawan Nil ||

22. kaprênah pracimantara | kalêt-lêtan talatah tanah Mêsir | sang sinung ngling sukèng kalbu | samêndhang nora ngira | lamun iku sinasarkên marma lalu | wisata saksana prapta | sawanganing bangawan Nil ||

23. gya nurut ilining tirta | saking êlèr mangidul munggèng têpi | tan antara dangu rawuh | ing têmpuran bêngawan | têmah amung juga rawa kang kadulu | wiyar tan pae samodra | risang kawêkèn ing galih ||

24. dènnyarsa nurut bangawan | rèhning kathah sasimpanganing warih | têmah kèndêl lampahipun | jêgrêg nir kang budaya | cinarita nèng ngriku nulya

--- 17 ---

manêkung | ngêningkên tyas mrih katêkan | kang dadya brangtaning galih ||

3. Asmaradana

1. sanalika ana kèksi | janma kalih èstri priya | angadêg wontên ngarsane | yêkti puniku putranya | nênggih Jêng Nabi Adam | kang wus tinundhung ing dangu | nama Lata lan wal Ujwa ||

2. rum nabda wruhanta kaki | sun uga wong tuwanira | lawan Nabi Sis arine | ran ingsun Lata wal Ujwa | Sayid Anwar duk myarsa | dahad pangunguning kalbu | andhêku sangêt jrihira ||

3. mèt aksama ngasih-asih | matur ngrêpa manuhara | dhuh pukulun sang kinaot | yèn kaparêng lan karsanta | amba dahat mêminta | ing tuwan wimbaning kawruh | kang waskithaning wardaya ||

4. Lata wal Ujwa mangsuli | yèn mangkana panêdyanta | sun iki darma yêktine | ingatasing pangawikan | iku kagunganing Hyang | dinum mring sakèhing makluk | mara kaki tampanana ||

5. kang sinung ngling ngangsêg nuli | pinêluk lungayanira | pasang sopanèng karnane | winangsit rèh kawaskithan | kèsthi ing rèh tan samar | nuli sinungan pituduh | mamrih rahayuning lampah ||

6. kinon anurut bênawi | kang saking kidul tumêka | jêdhug uluning [ulu...]

--- 18 ---

[...ning] tirtane | yeka dumununging swarga | kang kinon lumaksana | tan winarna lampahipun | praptèng uluning narmada ||

7. wontên ing ngriku umèksi | rawa sakalangkung wiyar | yeka kali Nil sirahe | Sayid Anwar kewran ing tyas | rèh dalan kang mring swarga | nora nana titikipun | marma tansah mancêr tingal ||

8. dangu-dangu wontên kèksi | ardi gêng luhur sajuga | kidul ngrawa dumununge | pucaking arga katingal | mijilakên dahana | ngalad-alad urubipun | yayah ngayuh ing akasa ||

9. saking mandrawa kaèksi | yèn ulunirèng bangawan | pan ing kono dumununge | Sayid Anwar gya wisata | marang uluning tirta | gya ana swara kaprungu | nguwuhe Anwar wruhanta ||

10. puniki Pangraning bumi | lagya samantên kang swara | Sayid Anwar asru kagèt | kang darbe swara punika | Ijajil Malaekat | pratisthèng urubing latu | tan katingal warnanira ||

11. Sayid Anwar alon angling | dhuh sintên nguwuh ing kula | dene tan katon warnane | Ijajil sumambung sabda | hèh Anwar wruhanira | ingsun iki Pangeranmu | kang sinêmbah ing sajagad ||

--- 19 ---

12. kang murba misesèng pêsthi | kang kagungan swarga nraka | wênang ngrusak dadèkake | makluk sèsining rat raya | Sayid Anwar duk myarsa | sabda kang makatên wau | langkung trusthaning wardaya ||

13. rumôngsa ayun pinanggih | kang dadya sêdyaning driya | dan mêsat nulya praptèng gon | dahana kang mulad-mulad | mring sang darbe panyipta | yèn puniku Kang Mahagung | misesèng ngrèh tri bawana ||

14. wit kwasa lênggah jro agni | Sayid Anwar sru jrihira | gya sujut mangkana ture | dhuh Gusti pangraning jagad | ingkang murba misesa | manawi parênging kalbu | panduka mugi nglunturna ||

15. kawêlasan ring pun dasih | supados sagêd satmata | naraka lan sawargane | rèh sangêt kapengin amba | wau Sang Jajillanat | sakarsanira jinurung | ing Allah kang sipat rahman ||

16. duk myarsa atur mlasasih | lumuntur kang sih wilasa | tumuli anganakake | wujud sêsotyadi mulya | ingkang mèsi pêthanya | pêpindhaning swarga agung | utawa nraka jahanam ||

17. Sayid Anwar pinrih manjing | mring jroning sotya ujwala | kang ingakyan lumaksage | praptèng jro datan kasmaran | myat kaendahanira | langêning [la...]

--- 20 ---

[...ngêning] swargadi luhung | ing donya tanpa upama ||

18. sawusnya nutugkên kapti | manoni rêsmining swarga | dan mijil anèng ngarsane | kang ngaku pangraning jagad | Sayid Anwar jinarwan | hèh ta Anwar wruhanamu | sun wèh pituduh kang nyata ||

19. tan ana pangran sêjati | kang sinêmbah ing sajagad | muhung panjênêngan ingong | dene sira bisa wikan | tan liyan iku nyata | saka kamurahan ingsun | sun ganjarakên ing sira ||

20. saha wus ingsun rilani | nunggal jatining kaanan | ingsun ya sira sipate | sira ingsun kang sanyata | nadyan sotyadi mulya | kang isi nraka swarga gung | ingsun pasrahkên ing sira ||

21. sêsotya wus dèn tampèni | dene wau ponang sotya | rêtna dumilah wastane | mungguh warnane mangkana | intên kang mawa cahya | lir sunaring pandam murub | tuhu kèhing sawabira ||

22. sabarang cinipta dadi | ingkang sinêdya glis prapta | tan kêna arip lan luwe | puniku darunanira | para dewa kagungan | pusaka sotyadi luhung | kang wasta rêtna dumilah ||

23. tandya Malekat Ijajil | sajarwa mring Sayid Anwar | ngèlmu-ngèlmu pangiwane |

--- 21 ---

bab patraping panitisan | myang nyakra panggilingan | myang panjing suruping lampus | Sayid Anwar sampun limpat ||

24. tumulya matur mlasasih | lamun srirane tan nêdya | wangsul dhatêng ing asline | nagri Kusnia Malebar | Ijajil tanggap nabda | yèn mangkono panêdyamu | kaki ge sira mentara ||

25. mangetana bênêr iki | ana juga pulo sonya | pulo Dewani arane | anèng kono manêkunga | pudya arcanèng Suksma | wus pêsthi yèn sira antuk | nugraha kamulyanira ||

4. Sinom

1. lir ron kamal tumaruna | karaban ngêrêsing riris | kapanduk soroting surya | sumirat ambalêrêngi | yêkti kêna inganti | widada rumêmbenipun | yèku ta Sayid Anwar | dupi wus nyakup ing wangsit | tyas nirmala ngèsthi sidaning ngawirya ||

2. sêtya tuhu ing wasita | saksana anglaksanani | sapangrèhing Jajillanat | sasolahnya tan winarni | praptèng pulo Dewani | manjing ring guthaka samun | amêsu tapabrata | cinarita ing Dewani | kang jumênêng nata punika trahing Jan ||

3. Marijan purwakanira | pêputra Jan gya sêsiwi | êjin tumuli putranya |

--- 22 ---

nama Prabu Andajali | Sri Dewata bêbisik | arinya Dajali Prabu | Ijajil ugi nama | Sang Jajallanat puniki | kang nurunkên setan bêlis panêluhan ||

4. srêmêt dhêmit bêrkasakan | dene Prabu Andajali | Sri Wênus namaning putra | ugi Ôndakara nuli | pêputra awêwangi | nênggih Palija Sang Prabu | wolu likur kadangnya | mung pitu ingkang winarni | Sri Palija yèku kang jumênêng nata ||

5. dene ta panênggakira | Patih Prawata matihi | ing rayi Prabu Dewata | ya risang Prabu Rawangin | arinya Sri Rawangin | Natèng Dewani puniku | Nuradi jêjuluknya | Patih Amir kang matihi | yèku arinira Sang Nuradi Nata ||

6. nuli Maranis arinya | tumuli Sang Raja Darih | warni yuyu makahyangan | anèng sajroning jaladri | kacatur Sri Dewani | wau Sang Nuradi Prabu | darbe putri satunggal | piningit kaluwih-luwih | nama Dèwi Nurini endah kang warna ||

7. kang cahya nuksmèng sasôngka | sasamining pra putri jin | pantês anyèthi pawongan | mring wau sang mindha sasi | kacatur sang ni putri | lagyeca [la...]

--- 23 ---

[...gyeca] sare ing dalu | supêna ana prapta | kaki-kaki marêpêki | nabda nini jatukramanta wus prapta ||

8. mêrtapa sajroning guwa | trah Nabi Adam putra Sis | taliti trahing atapa | Sayid Anwar kang wêwangi | ing têmbe sira nini | sinung nugraha sêsunu | siji priya ing warna | pêkik kang cahya nêlahi | nrahkên Ratu Bênggala lan tanah Jawa ||

9. trus trubus nora kasêlan | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tan liya trahira nini | sang dyah duk wungu guling | lir rinujit galihipun | jêtung ngungun tan kêna | sinayut brangtaning galih | lir kakênan ing guna turidasmara ||

10. enjing umarêk kang rama | ngaturkên anane wangsit | Prabu Nuradi duk myarsa | ature sang raja putri | darbe cipta manawi | tuhu supênaning sunu | gya nimbali patihnya | Patih Amir wus sumiwi | winartanan salir supênaning putra ||

11. sang patih ngungun miyarsa | gya dhinawuhan ngulati | matur sandika wus mêsat | nèng tawang tansah manoni | keblat sêkawan nanging | tan wontên ingkang kadulu | amung sukuning arga | wontên tejanya nêlahi | patih niyup duk praptèng [pra...]

--- 24 ---

[...ptèng] gon teja sirna ||

12. lawang guwa kang katingal | saksana manjing mangèksi | wontên janma kang martapa | nèng sela gêgilang linggih | sidhakêp suku tunggil | cahyanya mindha sitèngsu | sêdhêng sidi purnama | sang patih tumundhuk nuli | sang atapa mudhar asta tata lênggah ||

13. mangkana patih turira | tigas kawuryan sang pêkik | ing pundi ingkang pinôngka | lan sintên ingkang wêwangi | kapati mangun tèki | pratisthèng guthaka samun | Sayid Anwar lon nabda | nuturakên kang wêwangi | myang pinôngka patih datan suka myarsa ||

14. dene tuhu kang kacêtha | ing supênanya sang putri | nulya matur dhuh pamanta | punika anggèr tinuding | ing ramanta sang aji | inggih Sang Nuradi Prabu | kang satuhu wibawa | bawani Dewani nagri | animbali anggèr dhumatêng panduka ||

15. dene kawula punika | patihnya ramanta aji | milanggèr ywa wancakdriya | rama pandukarsa kardi | raharja mring sang pêkik | Sayid Anwar lon umatur | kula botên suwala | tinimbalan sri bupati | sampun malih paman kang pinurih arja ||

16. sênadyan pinêjahana | paran gèn ulun [ulu...]

--- 25 ---

[...n] tan apti | ing rèh narendra sanyata | gagêntining Hyang Kang Luwih | murba misesèng bumi | sang patih suka duk ngrungu | saksana kalihira | saking guthaka umijil | angambara tan dangu praptèng jro pura ||

17. Sang Prabu Nuradi kagyat | mèksi warnanya kang prapti | pêkik cahyanya gumilang | yayah wimbaning sitèngsi | dinangu matur bilih | Nabi Sis ingkang sêsunu | langkung suka sang nata | inggaling carita nuli | Sayid Anwar dhinaupkên lan sang rêtna ||

18. karon sih apêpasihan | anèng jroning kênyapuri | sadpada mangrurah sêkar | kongas kang slaga kawingkis | kokal wêkêran kengis | bramara angingsêp madu | srira suh kontra klêsah | kasok trêsnanya sang putri | tan cinatur rênggan langêning asmara ||

19. Sayid Anwar kang winarna | dènnya wau palakrami | andungkap ing jaman kitrah | yeka mèh jamaning Nabi | Musa kalamollahi | samana kang garwa sampun | garbini praptèng môngsa | babar jalu warna pêkik | ponang cahya pama wimbaning sasôngka ||

20. sinung nama Hyang Nurasa | ramèbu kang eyang sami | sangêt ing sih trêsnanira | diwasanira sang pêkik |

--- 26 ---

karêm amangun tèki | myang guna kasaktènipun | tan pae ingkang rama | têtêp wus badan rokhani | ingkang ibu jinis jin lan kang sudarma ||

21. badan alus kawimbuhan | krama angsal putrining jin | padha nora kêna lena | nanging Hyang Nurasa maksih | mêminta saking tapi | ywa kongsi kêna ing lampus | alus sawadhagira | Prabu Nuradi winarni | nyèlèhakên kêprabon mring mantonira ||

22. para wadya jin sadaya | sayuk sumuyut jrih asih | mring sang nêmbe madêg nata | dene Sang Prabu Nuradi | mêgawan amurwani | kadhaton nèng graning gunung | Patih Amir samana | maksih lêstari matihi | Sayid Anwar gya jêjuluk Hyang Nurcahya ||

23. ing ratri nis saking pura | tan matur ing rama bibi | lêlana jajah wanarga | guwa jurang siluk rumpil | tanbuh sinêdyèng galih | dupi wau lampahipun | praptèng pulo Dewata | gya rèrèn mratapèng wukir | kunêng ingkang winarna prajèng Dewata ||

24. ugi kang wus kocap ngarsa | ratu jin Prabu Rawangin | kagungan putri satunggal | diwasa dèrèng akrami | langkung endah kang warni | Dyah Rawati [Rawa...]

--- 27 ---

[...ti] namanipun | duk ing ratri sang rêtna | nèng pasaryan dèrèng guling | ana kaki-kaki prapta saking wiyat ||

25. manabda nini wruhanta | jatukramanta wus prapti | mratapèng pucaking arga | kusumèng jin trah Nabi Sis | Hyang Nurasa kang nami | lan ing têmbe sira antuk | nugraha putra priya | loro pêkik ingkang warni | anêrahkên sagunge para narendra ||

26. Banggala myang tanah Jawa | kaki tuwa wusnya mangsit | mêsat mukswa mring ngawiyat | sang dyah sru ngungun ing galih | enjingira tur uning | dhumatêng sudarmanipun | sru ngungun duk miyarsa | nulya nimbali pêpatih | patih kadang sêpuh nama Sang Parwata ||

27. praptèng pura sinung wikan | salir aturnya sang putri | sawangsite kaki tuwa | Patih Parwata turnya ris | yèn makatên prayogi | kula pribadi kang ngruruh | bokmanawi punika | tuduhing Hyang ujwaladi | sung nugraha jatukramane putranta ||

28. Prabu Rawangin ngandika | ya kakang mangkata nuli | sang kinèn saksana mêdal | ngambara wus tan kaèksi | nèng wiyat amanoni | sakèh pucakirèng gunung | tlatahing praja wera |

--- 28 ---

sinatmata nanging sêpi | mung lor pura pucaking wukir Dewata ||

29. wontên tejanira muncar | Patih Parwata mêrpêki | teja sirna katingalan | wontên ingkang tapa guling | anèng sapucak wukir | langkung pêkik warnanipun | nèng sela sumayana | prabaning cahya nêlahi | lir ngilangkên langên rêsminirèng donya ||

30. sang patih eram tumingal | wau ingkang tapa guling | wungu pungun-pungun lênggah | wruh yèn wontên ingkang prapti | nèng ngarsanira nuli | sang patih miwiti muwus | gèr kula nilakrama | sintên ta sinambat ing sih | pinangkanta ing pundi jinis punapa ||

31. dene langkung dèrèng môngsa | subrata amati ragi | luwih saking pra pandhita | yoga brangtanta sang pêkik | Sang Nurasa duk myarsi | prasaja wangsulanipun | yèn putra Sang Nurcahya | kang wayah dening Nabi Sis | saha jinising jin saking ibunira ||

32. putrining Nuradi Nata | ratu jin prajèng Dewani | alêlana tanpa sêdya | mung anut pakoning ati | patih dupi miyarsi | gupuh sang tapi rinangkul | nabda dhuh wayah ingwang | kula punika sayêkti | kadangipun eyangta Natèng Dewata ||

--- 29 ---

33. dene eyangta Dewata | rakanya Prabu Nuradi | prasami pêpatih kadang | pamatahipun sudarmi | eyangta ing Dewani | yayi Amir patihipun | dhuh anggèr lampah kula | ngulati dhatêng sang pêkik | tuhu lamun dinutèng eyang panduka ||

34. Sri Rawangin kang misesa | sagunging para wadya jin | kinèn nimbali panduka | tuduhing Hyang ujwaladi | garwanta wus pinêsthi | putrinya eyangta prabu | kang warna punjul ing rat | Sang Hyang Nurasa mangsuli | lah ta inggih kawula dhèrèk sakarsa ||

35. sang patih suka miyarsa | Sang Hyang Nurasa gya kèrit | mudhun saking graning arga | datan winarna ing margi | lampahe sampun prapti | ing pura marêk sang prabu | lênggah nèng palataran | eram myat dhatêng sang prapti | bagus anom wimbuh kang cahya gumilang ||

36. mangkana Patih Parwata | umatur èstuning wangsit | lah punika wayahira | Nabi Sis kang mangun tèki | wontên pucaking wukir | jinising jin saking ibu | putrane pulunanta | pribadi Dèwi Nurini | ing Dewani kagarwa ing Hyang Nurcahya ||

37. Jêng Nabi Sis kang pêputra | amung patutan satunggil | inggih punika wayahnya | Sang Nurasa [Nura...]

--- 30 ---

[...sa] kang wêwangi | Sri Rawangin duk miyarsi | suka kang wayah rinangkul | nêbda kalinganea | tunggak rone angalingi | sira iku kulup wayah sun pribadya ||

38. atmajane kadangingwang | Sri Nuradi ing Dewani | kulup dèn têtêp tyasira | kene prajanta pribadi | mangkana tyasiraji | anut ing sawangsitipun | kaki tuwa saksana | Hyang Nurasa lan sang putri | pinanggihkên anèng salêbêting pura ||

39. dupi wus antara lama | sira Sang Prabu Rawangin | linggar mawiku mring arga | karaton Dewata nagri | myang ing rèh prajaniti | sinrahkên mring putra mantu | samana Hyang Nurasa | madêg narendra ngrênggani | ing Dewata kang rama ngadhaton arga ||

40. dene Sang Patih Parwata | tinilar maksih matihi | wadyabala jin sadaya | ajrih sumuyut trêsna sih | dene ratunya pêkik | ambêg santa sih ing wadu | giyarkên tata darma | mêmayu ayuning nagri | trahing nabi nora mungkur mawèh dana ||

5. Pangkur

1. Dèwi Rawati samana | kacarita pan sampun anggarbini | dupi praptèng mangsanipun | babar jalu putranya | warnanira pêkik kang cahya sumunu | tan siwah lan [la...]

--- 31 ---

[...n] ingkang rama | sampun sinungan wêwangi ||

2. ing rama Hyang Darmajaka | diwasanya kang putra anglangkungi | nênggih ing subratanipun | cinêndhak caritanya | Sang Hyang Darmajaka wau kambil mantu | dening Sang Prabu Sikandha | ratu jin Selan nagari ||

3. dhinaupkên lan putrinya | kang panêngran nênggih Dèwi Sikandhi | nutug dèniramong lulut | dupi antara lama | wus patutan gangsal putri kang pambayun | Dèwi Darmani namanya | panênggak kakung wêwangi ||

4. Darmana ugi Hyang Dwija | Hyang Triyatra pamade kang sumêndhi | dene ta sumêndhinipun | Sang Hyang Caturkanaka | anama Hyang Pôncarêsi wragilipun | samana Prabu Sikandha | lumuntur sihirèng galih ||

5. nyèlèhkên kêprabonira | marang mantu dene Sikandha Aji | linggar angalih kadhatun | wau Hyang Darmajaka | awibawa ngrênggani kaprabonipun | para wadya jin ing Selan | sadaya sumuyut sami ||

6. nahên kang jumênêng nata | amangsuli carita Dyah Rawati | salinggaring putranipun | wau Hyang Darmajaka | nuli anggarbini malih sang rêtnayu | ambabar jalu putranya | ing warni kêlangkung pêkik ||

7. ramèbu [ra...]

--- 32 ---

[...mèbu] langkung sukanya | wus sinungan têngran dening sudarmi | Sang Hyang Wênang parabipun | dene wêning kang cahya | luwih saking kang raka tuhu pinunjul | diwasa sru brangtanira | pan wus pirang-pirang warsi ||

8. tapa sajroning dahana | tuwin tapa anèng sajroning bumi | tapa jroning samodra gung | tapa sumangsang wrêksa | ngluhur mega tapèng guwa wana gunung | têlas saliring atapa | langkung dènnya mati ragi ||

9. kang sinêdya ngungkulana | saisining jagad ywana mapaki | ing guna kasêktènipun | sakarsa-karsanira | jinurungna dening Hyang Kang Mala Luhur | dhasaring kusumaning jan | trah nabi kapati brangti ||

10. angantêpi tapanira | rèh Hyang Suksma sipat rahman sayêkti | kasêktènira jinurung | malah sêsilih aran | nênggih Sang Hyang Utipati kang jêjuluk | iya Hyang Suksma Kawêkas | mindha Ingkang Murbèng Bumi ||

11. Sang Hyang Wênang pangancasnya | sinêbuta pangraning bumi langit | sasar-sasare linantur | samana Sang Hyang Wênang | angalangi ing wana myang gunung-gunung | nèng wukir Kêling kèndêlnya | pan arsa gêlar kasêktin ||

12. sêdyèng tyas pinangerana | mring pra janma miwah kang darbe nagri | nyipta kaswargan di luhung | jumurung [jumu...]

--- 33 ---

[...rung] nèng antara- | nirèng mega lan langit katon gumantung | wisma mas parabot rêtna | rêtna maneka mêpaki ||

13. saking mandrawa katingal | balêrêngi tinon pating karêlip | mawèh sunaring pandulu | yèn têngange baskara | ujwalanya kandhih kang surya mawêlu | kanan keringe malela | papêthetan amêpaki ||

14. manêdhêng patra kusuma | kamarutan gônda rum mulêt wangi | yèn tinon asring anglangut | abanjar bêbanjêngan | lir jinajar ujure alajur-lajur | tambuh kaendahanira | kaswarganing wukir Kêling ||

15. tanpa wus rinênggèng gita | kunêng mangkya gênti ingkang winarni | ratuning Kêling puniku | apan jin kamanungsan | sami saking trahing jin wiwitanipun | Prabu Ari aranira | jin Saraba kang sêsiwi ||

16. jin Sarabaku kadangnya | Sri Palija kang madêg ratu nguni | nagri Kêling duk rumuhun | Prabu Sadik têngrannya | ing Banggala pasrah karaton mring sunu | sawusnya pasrah mring putra | gya madêg ratu nèng Kêling ||

17. kasor adu kasantikan | lan Sri Ari Sang Adik asrah nagri | lan ngaturkên putrinipun | Dyah Wisawati nama | wus kagarwa ing sira Sang Ari Prabu |

--- 34 ---

patutan èstri satunggal | warnanirayu linuwih ||

18. diwasa dèrèng akrama | sinung têngran ing rama Dyah Saoti | mangkana Sang Ari Prabu | apan sampun miyarsa | tatela trang yèn ing wukir Kêling ngriku | ana anyar anênêka | anyipta kaswargan adi ||

19. wisma mas luhuring arga | wus misuwur nama Hyang Utipati | dene mindha asmanipun | Sang Hyang Lata wal Ujwa | wong ing Kêling sadaya wus samya anut | mangèstuti mring sang prapta | sru duka Sang Prabu Ari ||

20. sumêdya angayonana | mring kasaktinira kang anèng wukir | ing ratri mêsat mring gunung | ngungkuli ing luhurnya | kaping tiga Prabu Ari tiba kantu | cinarita wus pêpanggya | Sang Hyang Wênang lan Sri Ari ||

21. Natèng Kêling lon lingira | sun têtanya sapa aranmu janmi | tuwin ngêndi pinangkamu | lan apa sêdyanira | Sang Hyang Utipati angandika arum | sira tanya aran ingwang | ingsun Sang Hyang Utipati ||

22. iya Hyang Suksma Kawêkas | Sang Hyang Wênang iku jêjuluk mami | Sri Ari nabdèsmu sêndhu | nganggo Suksma Kawêkas | dene pindha asmane Sang Murbèng Tuwuh | Utipati Sang Hyang Wênang | dene bangêt gêgilani ||

--- 35 ---

23. nèng kene apa sêdyanta | Sang Hyang Wênang mangkana amangsuli | ingsun ora darbe kayun | amung nut karêping tyas | praptèng kene amung nut paraning suku | Sri Ari sugal wuwusnya | hèh ladak Si Utipati ||

24. ngling malih Sang Ari Nata | ingsun tanya manèh sira wong ngêndi | Hyang Wênang sumambung wuwus | sira têtanya mring wang | yêkti nora beda lawan pinangkamu | saka suwung marang ana | praptèng kene wukir Kêling ||

25. Sri Ari kaku tyasira | asru mojar sira nèng kene wukir | dene ta wani jêjuluk | pindha Kang Murbèng Jagad | yèn sanyata sun pêsthèkkên sira wêruh | wadakanirèng sasmita | babare kang gaib-gaib ||

26. samêngko sun arsa wikan | kanyatane gonira kumaluwih | mêmindha Sang Murwèng Tuwuh | musthi usiking jagad | lamun cabar têtêp sira ngaku-aku | poma aja kewran sira | sun darbe patakon nuli ||

27. wêcanên ingkang pramana | tuwa êndi sira lan jênêng mami | Sang Hyang Wênang sukèng kalbu | gya nabda tuwa ingwang | Prabu Ari sru kagyat sumambung wuwus | manawa sanyata tuwa | pêsthi sira nyumurupi ||

28. mungguh kaananing asal | asaling [a...]

--- 36 ---

[...saling] jin lan asalmu pribadi | pratelakna sun yun ngrungu | yèn sira ngaku tuwa | Sang Hyang Wênang nêbda hèh rungokna prabu | sira trahing Janbanujan | asale Jan sêka gêni ||

29. beda lawan asal ingwang | sadurunge jagad iki dumadi | asale para jin durung | kabèh pan durung ana | maksih suwung wangwung kang dhihin tumuwuh | yaiku mung cahyaningwang | aran cahya kang pinuji ||

30. murwani gumlaring jagad | ingarani kabèh isining bumi | tan liyan wit cahyaningsun | marmane aywa merang | panêmbahmu sira marang jênêng ingsun | rèh sira wus kalah tuwa | aywa kalantur sang aji ||

31. manêmbah Lata wal Ujwa | kèh siranggêb kang gawe bumi langit | lênging tyasmu trang kaliru | beda lan jênêng ingwang | wruh ing wadi asal mulaning tumuwuh | pandoming Suksma Kawêkas | kapusthi ninging tyas mami ||

32. Sri Ari dupi miyarsa | sanalika dahat ngungun ing galih | ing rèh rumôngsa tan gayuh | mring babaring sasmita | têmah nungkul lan ngaturkên putrinipun | Dèwi Saoti kagarwa | wau mring Hyang Utipati ||

33. wêktu punika sadaya | wong ing Kêling gung alit ngidhêp sami | mring Hyang Wênang krana kanut |

--- 37 ---

nênggih narendranira | sarta nganggêp lamun punika satuhu | wantahe Lata wal Ujwa | kahyangan pucaking wukir ||

34. duk samantên Sang Hyang Wênang | nuli kundur dhatêng Dewata nagri | Hyang Nurasa kang kawuwus | sèlèh kaprabonira | marang putra Hyang Wênang jumênêng ratu | kocap gya tunggal kaanan | kalawan ingkang sudarmi ||

35. sipat roroning atunggal | lir angganing kalak kênanga mami | Hyang Wênang lan garwanipun | anutug sih-sinihan | tan antara lama garbini sang ayu | praptèng môngsa nuli babar | jalu warnanira pêkik ||

36. kang cahya gumilang-gilang | lir wimbaning basônta andhadhari | dening sudarma wus sinung | panêngran Sang Hyang Tunggal | diwasanya rêmên lêlana anglangut | duk samana Sang Hyang Tunggal | lêlana nis saking puri ||

37. angalaya tanpa sêdya | tan antara lama Dèwi Saoti | garbini malih dupi wus | andungkap lèking môngsa | nuli babar priya kang cahya sumunu | sampun sinungan pêparap | Hyang Wêning dening sudarmi ||

38. kunêng gantya kang winarna | sarêngane lêlakon tanah Mêsir | nênggih kang jumênêng ratu | Kangjêng Nabi Suleman |

--- 38 ---

narendra gung minulya karatonipun | mangrèh saisining jagad | ngwiyat dharat myang jaladri ||

39. wus têrang pamyarsanira | yèn para jin sadaya ingkang sami | dumunung satlatahipun | nênggih pulo Dewata | sami murtat tan wontên purun tumundhuk | dhatêng panjênênganira | sangêt dukanya jêng nabi ||

40. dhêdhawah mring para wadya | mikut pra jin khakang. samya malik kapti | kang môngka manggalanipun | jin Sakar prawirèng prang | sampun bidhal sabawa umung gumuruh | pating clorot tan petungan | praptaning don campuh jurit ||

41. jin ing Dewata kasoran | mêksa mangsah têmah tan môngga pulih | Hyang Wênang duka kêlangkung | matêk aji kêmayan | kang minôngka pangêkêsing satru luhung | jin Sakar sawadyanira | kataman kêmayan nuli ||

42. nglentroh tan bisa gulawat | kadyangganing kapuk dipun wusoni | prawira Sakar gya nungkul | Hyang Wênang suka ing tyas | gya andangu mring Sakar paran witipun | dene Jêng Nabi Suleman | kasaktènira ngluwihi ||

43. lan kèdhêp sèsining jagad | uwong alang têtaga kata kumlip | sumuyut padha angratu | mangkana turnya

--- 39 ---

Sakar | awit saking Nabi Suleman puniku | darbe pusaka kalpika | kang nama Maklukat Gaib ||

44. Sang Hyang Wênang gya dhêdhawah | mring jin Sakar kalpika pinrih ngambil | jin Sakar sandika gupuh | mêsat maring awiyat | praptèng Mêsir mancala warna ing ngriku | sanalika salin rupa | jiblès Jeng Suleman Nabi ||

6. Durma

1. nora mundur jin Sakar panêdyanira | dènira dhustha singsim | inggaling carita | singsim Maklukat kêna | dèn anggo jin Sakar nuli | madêg narendra | wibawa anèng Mêsir ||

2. mangrèh kutu-kutu wong alang têtaga | sagunging kang wadya jin | tan ana kang wikan | marang tingkahe Sakar | dènnya darbe laku sisip | wêktu samana | Kangjêng Suleman Nabi ||

3. anêmahi sangsara nis saking pura | sru papa mêlasasih | warnanya tan beda | lan druwis kacarita | jêng nabi angèngèr janmi | ingkang kulina | mancing minèng jaladri ||

4. kunêng mangkya jin Sakar kang madêg nata | kongsi catur dasari | gyèngêt yèn dinuta | dening narendranira | nilar kawibawan nuli | mêsat mring wiyat | yun maswi mring kang nuding ||

5. wisataning jin Sakar yayah mancala |

--- 40 ---

nanging takdiring Widhi | kalpika Maklukat | lir wontên ingkang ngrêbat | dhawah madyaning jaladri | jin Sakar dahat | gagêtunirèng ati ||

6. tandya laju prapta ngarsane Hyang Wênang | Sakar umatur titi | dènira dinuta | purwa madya wusana | Hyang Wênang ngungun ing galih | têmah rumôngsa | sarirane kang sisip ||

7. dene gayuh ingkang dede wajibira | wau Maklukat gaib | dhawahnya samodra | sinarap dening mina | mina nuli kênèng pancing | gya kinêletan | ing Jêng Suleman Nabi ||

8. sanalika tan samar paningalira | marang warnaning singsim | kang nèng wadhuk mina | yeka nguni agêmnya | enggaling crita jêng nabi | wus luwar saka | papa maskating jisim ||

9. sampun kondur dhumatêng ing prajanira | jumênêng nata malih | gya tampi sasmita | yèn kang dhustha kalpika | jin Sakar dene sêmangkin | apan suwita | ing Sang Hyang Utipati ||

10. kangjêng nabi rinilan dening Pangeran | ayasa tumbal warni | rajah kang minôngka | pangrusak jin sadaya | anèng Dewata nagari | ingkang dinuta | yeka punggawa janmi ||

11. masang rajah dhumatêng pulo Dewata | tan winarna ing margi | lampahing [lampah...]

--- 41 ---

[...ing] cundaka | praptèng pasisir sira | pulo Dewata tumuli | rajah pinêtak | nèng têpining jaladri ||

12. dupyantara saptari ana suwara | gêtêr patêr sênggani | gumlêgêr wèh maras | samodra lir kinocak | ombak gêng kagiri-giri | anêmpuh parang | gumlêdhêg tan ngêndhani ||

13. winantu ing dhèdhèt erawati ngakak | toyaning jalanidhi | angêlèbi dharat | umob swara kumrangsang | pulo Dewata tumuli | pêcah pan dadya | lêksan pulo lit-alit ||

14. Sang Hyang Wênang saha garwa putranira | ngrasapês tan kuwawi | nanggulang mukjijad | kang tanpa kira-kira | saking kuwasaning nabi | Hyang Wênang nulya | jêngkar sagarwa siwi ||

15. saking pulo Dewata mring sor pratala | ri wusnyantara lami | Jêng Nabi Suleman | kacrita sampun seda | Sang Hyang Wênang darbe karsi | sagarwa putra | wangsul dunungnya lami ||

16. marang pulo Dewata wus katon rusak | dadya pulo lit-alit | tan èstu satêmah | Hyang Wênang saha garwa | putra Hyang Wêning tumuli | ngalih kahyangan | dhumatêng tanah Hindi ||

17. dumunung nèng pucaking Tangguru arga | nahên ta kang winarni | nguni [ngu...]

--- 42 ---

[...ni] Sang Hyang Tunggal | salinggarnya sing pura | lêlana jajah wanardi | kalunta-lunta | praptèng Selan nagari ||

18. maswèng uwa nênggih Sang Hyang Darmajaka | kang wus jumênêng aji | gumantyèng mratuwa | Sang Hyang Tunggal samana | kamantu uwa pribadi | dhaup kalawan | nênggih Dèwi Darmani ||

19. dupyantara lami kocap wus pêputra | pambayunipun nami | Sang Hyang Darma Dewa | pêparap Dewa Êsa | inggih Sang Hyang Rodra nuli | sundhulanira | nama Hyang Darmastuti ||

20. kang waruju Hyang Dewanjali namanya | wau Hyang Tunggal dupi | wus pêputra tiga | dumugèkkên lêlana | jajah wanarga jaladri | kunêng ing mangkya | ingkang pinurwèng kawi ||

21. Sri Rêkathatama jin yuyu kahyangan | anèng jroning jaladri | taliti trahira | jin Darih purwanira | pêputra jin Mênak nuli | jin Mênak putra | Minangkara kang nami ||

22. putra Minangkara nama Yuyutama | Yuyutama sêsiwi | Sri Rêkathatama | sadaya wau samya | warni yuyu angratoni | sakathahira | mimi jingking kapithing ||

23. kingmang kêrang rajungan bangkang pongpongan | sanggya sumuyut sami | mring sang yuyu raja | kacatur darbe putra | wanodya

--- 43 ---

endah ing warni | pasêmonira | yayah sarkara milir ||

7. Dhandhanggula

1. rum-arume Dyah Rêkathawati | kacarita ing ratri sang rêtna | anuju sakeca sare | supêna myat wong pikun | kang tumurun saking wiyati | mangkana awêwarah | nini wruhanamu | samêngko jatukramanta | nuting sêdya lêlana jroning jêladri | bagus maksih taruna ||

2. tus kusuma jin trahing Nabi Sis | Sang Hyang Tunggal iku pêparapnya | sira sinungan ing têmbe | atmaja loro jalu | nurunakên para narpati | ing Jawa lan Banggala | wong pikun ing ngriku | wusing mangsit nuli mukswa | sang kusuma sawungunira aguling | tyas brôngta kalênglêngan ||

3. linali-lali tan kêna lali | nora liya mung supênanira | kang kaèsthi jroning tyase | wangsite kaki pikun | kang sru mawèh trênyuh ing ati | sang dyah marak ing rama | sru pamothahipun | sawangsite kaki tuwa | sadaya ingaturakên mring sudarmi | ature lan karuna ||

4. ingkang rama sru ngungun duk myarsi | nabda babo atma jiwaningwang | ywa susah mungguh praptane | kusuma bakal mantu | yêkti gampang kewala nini | sun têdhane lan puja | tan susah rinuruh |

--- 44 ---

mêsthi yèn prapta priyôngga | wis mênênga sira muliha dèn aglis | mring pamondhokanira ||

5. yuyu raja saksana umanjing | maring ing sanggar pamujanira | dahat pinêsu ciptane | praptane bakal mantu | tinêdha mring Hyang Ujwaladi | kang nama Sang Hyang Tunggal | manawa satuhu | jatukramanirèng putra | winursita wau kang jajah jaladri | sayah kapati nendra ||

6. anèng sela lir pinulung dening | ujwaladi dhinawahkên marang | ing sanggar pamidikane | Rêkathatama Prabu | Hyang Tunggal lir daru tumitis | yuyu raja saksana | nayut pujanipun | nuli winungu kang nendra | sawungunya dahat pangunguning galih | tan wrin darunanira ||

7. dene tibèng pamujan lan mèksi | yuyu agênge kagila-gila | Sri Rêkathatama linge | dhuh anggèr sang binagus | sintên tuwan dene aprapti | ing pamidikan kula | saha jinisipun | êjin punapa manungsa | pinangkanta ing pundi tuwin punapi | ingkang sinêdyèng driya ||

8. Sang Hyang Tunggal sru ngungun duk myarsi | ana yuyu bisa tata jalma | manuhara lon dêlinge | saksana wangsul muwus | tuhu lamun jinisirèng jin | trah Nabi Sis mulanya |

--- 45 ---

tuwin ingkang ibu | Dèwi Saoti putrinya | Prabu Ari ratuning jin prajèng Kêling | tinuturkên sadaya ||

9. lan kang eyang-eyang dènnya sami | kamantu dening Natèng Dewata | tuwin Dewani wus dene | dènira nis ing dangu | amalaya jajah wanardi | jajah jroning sagara | sare anèng watu | duk samana Sang Hyang Tunggal | malih nabda hèh yuyu dene sirèki | bisa ngucap lir janma ||

10. kang sinabdan saksana mangsuli | dhuh sang bagus kawula punika | sajinis lan pandukanggèr | pan taksih gotrahipun | eyang tuwan Natèng Dewani | tuwin Natèng Dewata | kawula trahipun | arine eyang panduka | Raja Darih pandoning Hyang Ujwaladi | saturun-turunira ||

11. kongsi praptanira ulun maksih | warni yuyu kahyangan samodra | angratoni sakathahe | titah kang bôngsa yuyu | eyang tuwan Sang Prabu Ari | punika maksih darah | ugi lawan ulun | samangke amba tur wikan | prasajanya milanggèr dhawah ing ngriki | krana panuwun kula ||

12. tinurutan dening ujwaladi | kang supênèng sutamba wanodya | Rêkathawati namane |

--- 46 ---

winangsit ing wong pikun | wus pinêsthi kang jatukrami | anggèr lawan panduka | saha têmbenipun | sinung nugraha pêputra | kalih priya pêkik-pêkik ingkang warni | nurunkên para raja ||

13. ing Banggala tuwin tanah Jawi | kasor prabawa isining jagad | ngidhêp mring putranta anggèr | mèsêm Hyang Tunggal muwus | yuyu raja sihmu mring mami | bangêt ingsun tarima | sêdya ngambil mantu | marang panjênêngan ingwang | cuwanira sathithik dene sun mangkin | durung arsa akrama ||

14. maksih sênêng nut sêdyaning kapti | tapabrata malayèng bawana | nadyan rabia ing têmbe | mokal yèn ingsun dhaup | lan rajungan tuwin kapithing | pira-pira jin raja | kang wus padha atur | putri mring sariraningwang | siji bae tan ana ingsun tampani | tur ayu warnanira ||

15. aja manèh kang rupa kapithing | sun arêpa sira yuyu raja | tan olèh dhirimu dene | kaliwat nora patut | ngêndi ana bangsaning janmi | angrabèni pongpongan | nistha warnanipun | saru sor-soring tumitah | yuyu raja mèsêm nauri suwawi | rumiyin kapriksaa ||

16. warnanira pun Rêkathawati | yèn [yè...]

--- 47 ---

[...n] tan dados panujuning karsa | wontên punapaa dene | kamayangan kalamun | paduka gèr condhong ing galih | mila kang ulun sêdya | yuyu raja gupuh | anuduh yuyu pawongan | animbali putra Dyah Rêkathawati | yuyu cèthi gya mêsat ||

17. praptèng pura marêk ing sang dèwi | gènnya matur gusti tinimbalan | ing rama paduka kinèn | amanggihi têtamu | lah suwawi gusti suwawi | tamunipun jêjaka | pêkik warnanipun | kakuwunge mêksih wêtah | wartosipun kusuma jin saking Kêling | anama Sang Hyang Tunggal ||

18. sang lir rêtna myarsa turing cèthi | pama panjang putra tibèng sela | sumyur kumêpyur galihe | ginagas baya iku | nugrahaning kang jatukrami | ingkang wus kasupêna | wangsiting wong pikun | sang dyah gya kèring pawongan | praptanirèng pamujan marêk sudarmi | tumungkul dènnya lênggah ||

19. èsmu merang mulat ing têtami | Sang Hyang Tunggal ngungun duk tumingal | ing sang lir rêtna warnane | tan andimpe kalamun | sutèng yuyu punjul sabumi | putri jin lan manungsa | kasor warnanipun | rurus pasariranira | ingkang carma gumêbyar pindha sitèngsi | sumèh manis [mani...]

--- 48 ---

[...s] kang netya ||

20. Sang Hyang Tunggal kaprajayèng liring | trus tumêmpuh ing prana sakala | yayah rinacut bayune | dahat gêtun miduwung | dene wau sangêt anampik | Prabu Rêkathatama | gya nabda mring sunu | nini age sêsajia | tamu iki kusumèng jin saking Kêling | lan kadangmu priyôngga ||

21. Sang Hyang Wênang wastaning sudarmi | Dyah Saoti iku ibunira | dene kadangira kiye | Hyang Tunggal namanipun | sayah mêntas jajah jaladri | dyah mundur palarasan | kang rama gumuyu | sarywangling lah gèr punika | warnanipun rayinta kidhung nglangkungi | wêdalan ing samodra ||

22. rare ugungan kêpati-pati | wangsul mangke lir paran karsanta | sênêng utawi botêne | dhatêng rayinta wau | kang sinung ngling dhêku nauri | dhuh prabu aksamanta | dene wau ulun | tumampik ing sih paduka | kang wus têrang tuduhing Hyang Ujwaladi | nugraha jatukrama ||

23. mangkya amba tan suwalèng kapti | dhuh sang nata mugi wuningaa | pindhaning tyas ulun mangke | kêmbêl ing tasik madu | kajugrugan parwata sari | karoban gôndawida | kasturi rum-arum | rumasuk ring tung-tunging tyas | anaratas tumitis jantung lir rujit | jinjang [ji...]

--- 49 ---

[...njang] cakraning driya ||

24. yuyu raja suka duk miyarsi | inggaling carita Sang Hyang Tunggal | tumuli dhinaupake | lan sang kusumèng ayu | dupyantara lama garbini | babar warni antiga | kang rama sru ngungun | ponang antiga cinandhak | dyan binanting umêsat dhatêng wiyati | saksana Sang Hyang Tunggal ||

25. mêsat maring tawang anututi | saparane wau kang antiga | ananging kandhêg wit dene | antiga tan kadulu | Sang Hyang Tunggal sangêt prihatin | kacarita dènira | ngruruh putranipun | kongsi praptèng pulo dawa | wontên ngriku manungku puja sêmadi | nêgês karsaning Suksma ||

26. datan dangu dènira sêmèdi | Sang Hyang Wênang prapta sanalika | wêwarah marang putrane | sadaya kawruhipun | saka eyang-eyangnya nguni | sawarnining pusaka | saking eyangipun | cupu manik Asthagina | saha sotya Rêtna Dumilah prituwin | kang lata maosadya ||

27. sadayanya sampun dèn tampèni | mring Hyang Tunggal Sang Hyang Wênang nulya | anunggal ing kaanane | nênggih mring putranipun | lir satu lan rimbagan pami | myang roroning atunggal | tunggal jatinipun | Hyang Wênang uga Hyang Tunggal |

--- 50 ---

kadyangganing sarkara rupa lan manis | tan kenging pinisaha ||

28. nahên kang wus anunggal kajatin | ana cumalorot saking wiyat | angkara-kara cahyane | tumuju ngarsanipun | Sang Hyang Tunggal garjitèng galih | anuli tinadhahan | ing asta satuhu | lamun awarni antiga | Sang Hyang Tunggal tan samar yeka ing nguni | antiga putranira ||

29. kang antiga pêcah nulya kèksi | rare kalih ngadêg nèng ngarsanya | sumirat-sirat cahyane | irêng sajuganipun | kang satunggal cahyane putih | sami tan wruh ing asal | kodhêng manahipun | Sang Hyang Tunggal duk samana | nora kasat mata nanging ngudanèni | kodhênging tyas putranya ||

30. putra kalih gya dèn andikani | sira iku yêkti putraningwang | kang sinung sabda sru kagèt | rèh swara ora wujud | têmah mrêntul graitèng ati | yèn puniku kang murba | nuli sami sujud | sami sêsanti mangkana | dhuh kang murba misesa amba puniki | tuhu yèn titah tuwan ||

31. Sang Hyang Tunggal angandika aris | bênêr iku mungguh panyananta | sira sutèngsun yêktine | kang cahya irêng iku | saka putihing dhog kang dadi |

--- 51 ---

sun arani Bathara | Maya sutaningsun | kang cahya putih aslinya | kuninging dhog arane Bathara Manik | lan padha naksènana ||

32. lamun ingsun kaanan ta kaki | dene sirèku kaananingwang | nora pisah salawase | ngêndi bae karêpmu | iku dadi panggonan mami | nanging ta ingsun uga | ana ingkang mêngku | kawêngku mring jênêng ingwang | Sang Bathara Manikmaya anaksèni | ing tuduhing sudarma ||

33. asarana sujud angawruhi | keblat sakawan pangèsthinira | mastuti ing sudarmane | Hyang Maya dènnya sujud | gèsèh patrap lawan kang rayi | umadhêp marang keblat | cacahe sapuluh | wiwit purwa iku wetan | nuli narasonya lor wetan kang arti | tumuli mring utara ||

34. êlor bênêr pardikanya nuli | ing nurwitri lor kulon anulya | prawisa kulon wardine | gya ganeya puniku | kidul kulon tumuli maring | raksira kidul lirnya | gya byabya tinuju | yèku arah kidul wetan | nulya nênga mring gêgana iku nginggil | pratala iku ngandhap ||

35. dènira sujud Bathara Manik | muhung madhêp keblat sangang pêrnah | purwa [pur...]

--- 52 ---

[...wa] nurwitri wus dene | marang utara laju | narasonya pracima nuli | mring gyaning yaraksika | byabya sanganipun | yèku sujud ngèsthi madya | kang ingaran madya gonira pribadi | Bathara Maya nabda ||

36. atêtanya marang ingkang rayi | hèh ta Manik apa sababira | tinêngèng dhuwur wus dene | marang ngisor tumungkul | ingkang rayi tanggap mangsuli | kawêngku anèng madya | saksana ing ngriku | kêkalihnya adarêdah | rêbat lêrês kang rama ngandikèng siwi | arum wijiling sabda ||

8. Mijil

1. hèh wruhanta sutèngsun kêkalih | dènira padudon | dadi pratôndha sira ing têmbe | sutaningsun Maya iku yêkti | bakal darbe siwi | cacahe sapuluh ||

2. dene sutèngsun Bathara Manik | têrtamtu yèn ing don | mung sêsanga iku atmajane | Sang Bathara Maya amangsuli | dhuh dhuh kadipundi | tuwan sung pituduh ||

3. anak kawula sadaya benjing | nadyan wus gumathok | dhawuh paduka nanging sarèhne | warni kawula awon nglangkungi | cêmêng datan kadi | pun Manik puniku ||

4. sintên tiyangipun ingkang sudi | kawulambil bojo | Sang Hyang Tunggal arum andikane |

--- 53 ---

hèh sutèngsun ywa pisan darbèni | cipta yèn tan olih | jodho wruha kulup ||

5. saisining jagad raya iki | pasthi nganggo jodho | panas adhêm sapanunggalane | èndhèk dhuwur ala lawan bêcik | marmanira kaki | yèn pracaya tyasmu ||

6. pan gonmu tan darbe warna pêkik | yaktyèku pasêmon | karsèng Hyang kang ngodrat makluk kabèh | irêng langgêng ing salami-lami | kang sinung ngling nuli | sujud wantu-wantu ||

7. mintaksama rèh rumôngsa sisip | Hyang Maya ing kono | nulya ingusapan bun-bunane | Rêtna Dumilah dening sudarmi | Hyang Maya tumuli | salin cahyanipun ||

8. ngasorakên cahyaning sitèngsi | Hyang Tunggal nabda lon | hèh wruhanta mêngko sira thole | cahyanira sumunar nêlahi | Hyang Maya nauri | dhuh sang murwèng tuwuh ||

9. punapèstu cahyamba samangkin | awêning sumorot | Sang Hyang Tunggal nuli nganakake | warni kaca gya nabda mring siwi | hèh Maya dèn aglis | dulunên rupamu ||

10. Sang Hyang Maya ngilo dupi mèksi | kang cahya sumorot | sanalika sangêt dènnya kagèt | kang rama nabda hèh suta mami | sira

--- 54 ---

ingsun pêsthi | têmbe madêg ratu ||

11. mukti anèng jagad sonyaruri | lamun sira ngaton | ana madyapada ing besuke | among trahe arimu Si Manik | lan ngong pêsthi dadi | tuwanggana kulup ||

12. Hyang Maya sujud konjêm mring siti | ngrasa yèn kabêndon | matur dhuh sang murba misasèng rèh | mangkya amba nyuwun pangaksami | rèh rumôngsa sisip | Hyang Tunggal nabda rum ||

13. lah junjungên sirahira kaki | kang sinung ngling alon | junjung sirahira wus dêngèngèk | nuli siniram ing banyu urip | sinabdan mawanti | ywa duhkita tyasmu ||

14. kaananing jagad sonyaruri | wruha putraningong | nora beda lan ngarcapadane | lan wruha yèn panjênêngan mami | bakal mituruti | apa panjalukmu ||

15. Sang Hyang Tunggal anyipta tumuli | pawèstri kang pados | tatimbanganira atmajane | sawatara nuli ana kèksi | pawèstri yu luwih | kang adarbe sunu ||

16. Sang Hyang Wêning nama Dyah Sênggani | Hyang Maya tumonton | sangêt kapanujon ing galihe | Sang Hyang Tunggal nabda hèh Sênggani | sira wus pinasthi | lan Hyang Maya dhaup ||

17. hèh sutèngsun Maya

--- 55 ---

wadon iki | wus pinêsthi jodho | lawan sira salawas-lawase | sarta mêngko sira sun juluki | Sang Hyang Sêmar tuwin | Sang Hyang Jagad Wungku ||

18. Hyang Iswara Gaswara prituwin | Raswara kacriyos | Sang Hyang Maya winulang sakèhe | kawidigdan myang guna kasêktin | nuksmèng agal alit | sanggya wus kacakup ||

19. Sang Hyang Tunggal angandika malih | payo sutaningong | ywa kasuwèn lêkasana age | angratoni jagad sonyaruri | Hyang Sêmar lan swami | nuli sami sujud ||

20. tan antara mêsat tan kaèksi | mangkya kang kacriyos | Sang Bathara Manik lon ature | mring kang rama dhuh kang murbèng dasih | kawularsa uning | ing darunanipun ||

21. warni kawula saklangkung pêkik | cahyamba sumorot | ngasorakên purnama kênyare | nanging amba tan darbe kasêktin | myang kawiknyan kadi | pun kakang ing wau ||

22. môngka kawula sumêrêp ing sih | paduka sang kaot | dhatêng kakang Iswaya èstune | tanpa timbang Sang Hyang Tunggal angling | hèh sutèngsun Manik | aywa klèru surup ||

23. gon sun sêsuta ing sira kaki | nadyan ing

--- 56 ---

samêngko | bangêt cingkrang saka sabarange | tuhu muhung minôngka nêksèni | lamun jênêng mami | murbèng sira kulup ||

24. nganakake kang durung dumadi | nyirnakkên kang katon | mungguh sih sun marang sira thole | bakal ora ana kang nimbangi | kakangmu ngratoni | alam adam makdum ||

25. balik sira iku ingsun pêsthi | têmbe madêg katong | angratoni jagad saisine | lah dulunên sajronirèng carmin | hara kang kaèksi | Hyang Manik gya dulu ||

26. sangêt ngungun dene sajêroning | paesan katongton | katriloka sangkêp saisine | muhung paduka kang tan kaèksi | amba nyuwun uning | paran ta witipun ||

27. Sang Hyang Tunggal rum sumambung angling | hèh Manik sutèngong | lamun sira wruh wujudmu dhewe | yêkti wruh mring panjênêngan mami | layak sira klangkip | mring warah sun mau ||

28. ingsun wus nunggal kaanan jati | lêbu-linêbu wor | lawan sira sawujud jatine | nunggal rasa rasaning batin |Kurang satu suku kata: manunggal rasa rasaning batin. tambuh pinangkèng wit | titah gusti kumpul ||

29. sanalika Sang Bathara Manik | ing galih cumêplong | nulya sujud mangkana ature | dhuh pukulun yèn makatên [makatê...]

--- 57 ---

[...n] kami | botên adarbèni | cacat gêsang ulun ||

30. ingkang rama mangkana mangsuli | babo sutaningong | sisip gonmu miyagah tan darbe | cacat atasing uripmu kaki | sira kasiku mring | Hyang Kang Mahagung ||Kurang satu suku kata: Hyang Kang Maha Agung.

31. têmbe cacat sikilira kering | apus kang kapindho | tênggokira pethak têlu darbe | siyung kapate tanganmu dadi | papat Sang Hyang Manik | sru panlangsanipun ||

32. sanalika sujud wanti-wanti | minta aksamèng don | ingkang rama ngêngimur hèh thole | aywa agung tyasira prihatin | krana wus pinêsthi | cacatira iku ||

33. minôngka tôndha sawijining dasih |Lebih satu suku kata: môngka tôndha sawijining dasih. kang budine moncol | kagadhuhan Gusti pangwasane | lamun sira suminggaha saking | ceda pa kang warni | apa sira kulup ||

34. apa madha kaananing Gusti | Kang Minulya kaot | nora kalabêtan ing panggawe | kang mangkono yêkti bêbayani | wuwuh-wuwuh sisip | siksanta masungsun ||

35. mungguh têtêpe kang aran dasih | iku rumakêt wor | nèng jiwangga catur prakarane | rusak apês murka tuwin lali | marma luwih bêcik | narimaa kulup ||

36. yèn sira [si...]

--- 58 ---

[...ra] bangkit nrima yun olih | panglipur wirangrong | wêruh durung winarah wus dene | wruh lakuning jagad surya sasi | tranggana mênuhi | basanira makluk ||

37. sarta bisa solan-salin warni | priya tuwin wadon | kawidigdan tuwin kamayane | lirnya ngimpun sakèhing kasêktin | tan gêsêng ing gêni | tan têlês ing banyu ||

38. utawa nuksma ing agal rungsit | sun ringkês sutèngong | sira ora kewran sabarange | sang atmaja sanalika lilih | duhkitaning galih | saksana umatur ||

39. dhuh pukulun wau tuwan paring | pitêdah yèn ing don | amba sêsuta sanga kathahe | mugi tuwan paringa samangkin | èstri kang utami | dados jodho ulun ||

40. Hyang Tunggal nabda sira pinêsthi | têmbe antuk jodho | manungsa saka Pèrsi asline | ayu ngluwihi pra widadari | ran Dèwi Umayi | dene kang sêsunu ||

41. Si Umaran trah Bagindha Salih | lah ta kulup payo | lêkasana ywa kongsi kasuwèn | gonirarsa wibawa bawani | bawana pinundhi | dening pra tumuwuh ||

42. sira sumulih umadêg aji | ngrênggani kadhaton | graning arga Tangguru [Tanggu...]

--- 59 ---

[...ru] tilase | eyangira Sang Hyang Wênang nguni | kang nunggal sêmangkin | kaanan lan ingsun ||

43. sêkathahing pusaka kang saking | kang eyang kacriyos | yeka Rêtna Dumilah sêdene | sung cupu kang mèsi banyu urip | lata maosadi | sinrahkên sadarum ||

44. maring putra Sang Bathara Manik | gya kocap kang katon | yeka ingkang dadya sasmitane | lamun Sang Hyang Tunggal sampun anis | sarêngan kapyarsi | suwara gumuntur ||

9. Kinanthi

1. kadya kacaryaning kalbu | Hyang Manik anglaksanani | sapangrèhirèng sudarma | kondur mring Tangguru ardi | wontên ing ngriku tumulya | jêjuluk Hyang Maha Sidhi ||

2. Hyang Maha Mulya Hyang Mulku | Sang Hyang Êsa Maha Mulki | Hyang Ngisat Hyang Basurusa | Hyang Sangkara Tunggaljati | Hyang Jagad Dewa Bathara | Hyang Manik Kara Hyang Ari ||

3. Hyang Parama Wisesèku | Hyang Niskara Rudramurti | Sang Hyang Mahadewa Buda | Hyang Siwanda Mahamuni | Hyang Arisda Marcukandha | Hyang Yatma Sang Hyang Pramèsthi ||

4. Hyang Maèswara jêjuluk | Hyang Pramana Sidhajati | Hyang Parama Martasiwa | Hyang Jagad Pratingkah tuwin | Purbangkara Wirabadra |

--- 60 ---

wau Sang Bathara Manik ||

5. akathah jêjulukipun | punika kabêkta saking | sadaya lêlampahannya | tuwin wong ingkang nglêluri | astha ingkang eyang-eyang | kang wus winursitèng ngarsi ||

6. tanah Hindi duk puniku | wontên panjênêngan aji | mangrèh samaning narendra | Sri Japaran kang bêbisik | ing Ima karatonira | sawadyabalane sami ||

7. mangeran dhumatêng lêmbu | dumunung ing pucak wukir | kidul wetan ing Malaya | sawênèh nguni wong Hindi | amangeran Sang Hyang Wênang | katarik Sang Natèng Kêling ||

8. Prabu Ari duk ing dangu | maradinakên agami | wontên ngriku para janma | sumrambah umèstu kapti | nanging nuli malik cipta | mangeran lêmbu Andini ||

9. ing sawiji ari nuju | Sang Bathara Manik mèksi | teja ngênguwung pêrnahnya | sakidul wetaning ardi | Tangguru ugi nèng arga | saksana dipun têdhaki ||

10. waspada paningalipun | ingkang mawa teja warni | lêmbu nulya pinarpêkan | Hyang Manik nabda hèh sapi | sira iku sapi apa | dene pasêmonmu wingit ||

11. manggon nèng pucaking gunung | mangkana lêmbu Andini | sangêt kagyat [ka...]

--- 61 ---

[...gyat] ing tyasira | de ana wong kumawani | murang tata atêtanya | gya mangsul sêbda sru wêngis ||

12. hèh janma kang tambung laku | yèn sira tan wruh ing mami | sun iki kang pinangeran | sinêmbah sèsining bumi | ya ta Hyang Jagad karana | duk myarsa wuwusing sapi ||

13. èsmu rêngu galihipun | asru nabda hèh ta sapi | sirèku bangêt cilaka | sarta gêmblungmu kapati | dene wani-wani sira | ngaku Pangeraning bumi ||

14. Pangraning jagad sawêgung | iku panjênêngan mami | dudu sapi murang tata | Andini mangsuli wêngis | hèh janma aywa agahan | ngaku kang murwèng dumadi ||

15. marga tan ana satuhu | pangeran liyane mami | kang wus kanyatan sinêmbah | sèsining jagad sakalir | aja manèh ingkang kewan | manungsa nêmbah mring mami ||

16. lamun sira nora gugu | rasakna ing mêngko pêsthi | kêna sapudhêndhaningwang | nandhang sangsaraning dhiri | Hyang Sarômba duk miyarsa | wangsulanira Andini ||

17. tan pisan dadoskên bêndu | malah sru lêjar wit saking | badhe nuli kasêmbadan | kang dadya sêdyaning galih | sagêd pinangran ing jagad | matêk pangabaran nuli ||

18. lêmbu Andini kapanduk |

--- 62 ---

ing aji kêmayan kadi | kapuk nglumpruk sariranya | lir racut kang bayu ênting | rèh kasor kaprawirannya | nuli sujud wanti-wanti ||

19. sarwi matur dhuh pukulun | kang pinangeran ing bumi | têmên-têmên mangke amba | nganggêp yèn tuwan sayêkti | kang amurba tri bawana | nanging samangke pun dasih ||

20. nyuwun kanyataanipun | kawicaksananing galih | Hyang Êsa arum ngandika | hèh sapi tandhane mami | murba misesa ring sira | ingsun mring sira mêruhi ||

21. asal mulanira ngayun | sayêktine sira iki | sapi Andini aranta | asalmu ing sonyaruri | sutaning jin roh patanam | lêging tyasira kapengin ||

22. rinatu ing pra tumuwuh | karsane kang murbèng pêsthi | muhung ingsun kang rinilan | jumênêng pangraning bumi | dene ing samangke sira | dadia titihan mami ||

23. sapi Andini duk ngrungu | panabdane Hyang Pramèsthi | surut suraning wardaya | mêndhak mandhêpa ing siti | apan nuli tinitihan | dening Sang Hyang Mahasidhi ||

24. duk puniku sanggyanipun | kewan isining wanardi | kang sampun sami manêmbah | dhumatêng lêmbu Andini | kerut tyase amangeran |

--- 63 ---

dhumatêng Hyang Mahamuni ||

25. Hyang Sarômba wêktu wau | jêjuluk Hyang Pasupati | pardikanira ratunya | sagunging buron wanardi | Hyang Ari gya makahyangan | anitih lêmbu Andini ||

26. kunêng wau Sang Aprabu | Japaran myang pra narpati | saha wadyabalanira | tumamèng lêngkèhing ardi | angadi busana sarta | agêgônda wangi-wangi ||

27. bêkta sêsaji lir kang wus | kalampahan yèn ngastuti | mring sapi pangeranira | saksana Sang Hyang Pramèsthi | ing galih tan kasamaran | yèn pra ratu wau sami ||

28. ngawruhi pangeranipun | rumanti kanang sêsaji | Hyang Guru inggal tumêdhak | mring arga para narpati | sawadyanira dupi myat | cingak gagêtun tan angling ||

29. dene ta pangeranipun | wontên ingkang anitihi | marma ing tyas datan kewran | saksana sapi Andini | sru nabda hèh para raja | utawa sakèhing janmi ||

30. aywana kang klèru surup | sumurupa yèn kang nitih | iki anèng gigir ingwang | yèki pangeran sêjati | kang sinêmbah tri bawana | sanyatane ingsun iki ||

31. mung dadi warananipun | pra narendra duk miyarsi | myang wadyabalane [wa...]

--- 64 ---

[...dyabalane] samya | sêmu sêmang ing pamikir | Sang Hyang Mahadewa Buda | nulya ngêtokkên kasêktin ||

32. matêk pangabaranipun | sanalika ana prapti | hawa atis aprabawa | ing pra narendra sadasih | dhrodhog bayune lir rucat | ing manah kêlangkung miris ||

33. para narendra gya matur | dhuh gusti pangraning bumi | mugi tuwan aparinga | pangaksama ing pun dasih | samana Hyang Jagadnata | gya ngracut ingkang kasaktin ||

34. hawa tis tumuli nurut | suka tyase para janmi | mangkana para narendra | umatur sru ngasih-asih | dhuh gusti pangeran amba | kawula kapengin uning ||

35. asma tuwan kang satuhu | Hyang Manik dhangan ing galih | nuli majarkên asmanya | lir kang wus kawartèng ngarsi | gya nabda hèh para janma | yèn sira nêmbah mring mami ||

36. mangkene ing panêbutmu | hong arcamaya Hyang Manik | samana tumuli mukswa | pra ratu bibaran sami | sapraptaning prajanira | dhêdhawuh mring para dasih ||

37. tuwa nom gung alit sagung | pinrih mangeran Hyang Manik | datan lama nuli wrata | janma sakiduling ardi | Tangguru juga tan ana | ingkang mêgatruh ing wangsit ||

--- 65 ---

10. Mêgatruh

1. cinarita pra janma ingkang dumunung | saloring Tangguru ardi | têrus sapangetanipun | prapta ing Cina nagari | kang pinundhi tyasing batos ||

2. wujud arca iyeka brahalanipun | pinêtha-pêtha kang warni | lapa ngranira ing dangu | kang nama Hyang Ujwalati | duk samana kacariyos ||

3. pra narendra saha wadyane sawêgung | rumanti kanang sêsaji | tuwi kabuyutanipun | kang dumunung pucak ardi | lir ngadat kang wus kalakon ||

4. yèn mêmulya dhumatêng brahalanipun | kocap Sang Hyang Sidhajati | tan kasamaran ing kalbu | gya nyipta angin gung prapti | wor riris swara gumêrot ||

5. kumarasak kêkayon gêng kabarubuh | brahala kabuncang têbih | tambuh ing tumibanipun | para janma dupi mèksi | gêtun sru ngungun andongong ||

6. gêtun dene brahalane tan kadulu | Hyang Manik rawuh ngêjlêgi | gyaning brahala ing wau | pra janma dupi umèksi | sangêt angungun ing batos ||

7. Sapyandini kawuryan jêrum nèng ngayun | rum ngandika Hyang Pramèsthi | hèh wruhanta para ratu | pun brahalanta ing nguni | samêngko salin rupa wong ||

8. pangagênging narendra [nare...]

--- 66 ---

[...ndra] tumuli matur | bilih paduka sayêkti | pangeran amba ing dangu | kang sujud brahala mangkin | pun dasih sami cumadhong ||

9. ing sih kamirahan tuwan kang lumintu | awarni toya kang saking | ardi punika tukipun | Hyang Jagad karana angling | he sakèhe titah ingong ||

10. rèh sun sipat murah asih wus tartamtu | pamintanta sun turuti | sanalika kagyat dulu | warih saking graning ardi | udaling toya gumrojog ||

11. sumbêrannya wontên ngarsane Hyang Guru | mangkana Hyang Sidhajati | nabda wruhanta pra ratu | iki tandhane yèn mami | asih marang titah ingong ||

12. para janma sruning jrih tumuili sujud | Hyang Guru gya paring uning | sadaya jêjulukipun | nulya nabda hèh pra janmi | yèn sira nêmbah maring ngong ||

13. hong mangarcamaya iku panêbutmu | Hyang Jagadnata nulya nis | pra raja sawadyanipun | tansah dènnya amêmundhi | ing dhawuh kang wus kawiyos ||

14. enggaling kang carita wau pra ratu | kondur mring prajane sami | nuli maradinkên dhawuh | ing pra wadyanya pinurih | nêmbah mring Hyang Giri Katong ||

15. Sang Aprabu Dirjasta jêjulukipun |

--- 67 ---

ngadhaton nèng tanah Pèrsi | kocap saha wadyanipun | ingkang pinangeran warni | mina gung dènira manggon ||

16. anèng rawa Sablistan de namanipun | mina Tirbah angedabi | mungguhing prabawanipun | kerut tyase para janmi | sumujud trus lair batos ||

17. cinarita nuju wiwitane taun | Sang Prabu Dirjasta tuwin | pra narendra sanèsipun | rawuh ing rawa pan sarwi | ngampil sêsaji rumantos ||

18. praptaning don tinata sêsajènipun | minantranan gya binagi | mring pra janma kang nèng ngriku | wusing warata tumuli | bibaran sagung pra katong ||

19. sowang-sowang kondur marang prajanipun | kocap Sang Hyang Sidhajati | gya rawuh ing rawa ayun | manggihi mina kang dadi | sasêmbahaning sakèh wong ||

20. kaparêngan mina Tirbah wêktu wau | ngambang prabane kaèksi | sumirat-sirat ngênguwung | sisik sungsun-sungsun kadi | parang hèr gêni sumorot ||

21. kacarita Hyang Sidhajati ing ngriku | api datan ngudanèni | asale mina puniku | sinamun ngandika manis | hèh ta mina ingsun takon ||

22. sira iku iwak apa de pasmonmu |

--- 68 ---

wingit wangunanta pèni | mina Tirbah dupi ngrungu | panabdaning Hyang Pramèsthi | dahat pangunguning batos ||

23. dene wontên sawênèh janma kang purun | miwiti slanggapan angling | wusana sru wêngis muwus | patut yèn sira tan uning | marang panjênêngan ingong ||

24. awit saka dèn ta dahad mudha punggung | puguh dlarung murang niti | yèn sira durung sumurup | sun iki pangraning bumi | mèsêm Hyang Guru nabda lon ||

25. hèh ta mina bangêt kliru panêmumu | kayaparan sira wani | ngaku kang murbèng tumuwuh | wruha pangran sêjati |Kurang satu suku kata: wruha pangeran sêjati. ing bawana nora loro ||

26. iya iku muhung panjênêngan ingsun | saksana Hyang Mahasidhi | matêk pangabaranipun | toyaning rawa tumuli | molah mawalikan umob ||

27. mina Tirbah saking tan kuwawanipun | nglumba adhuh sambat mati | sru manguwuh dhuh pukulun | sirêpên bêntèring warih | tan wun amba nêmah layon ||

28. Sang Hyang Guru gya nyirêp panasing banyu | wus adhêm lir wingi uni | mina Tirbah sukèng kalbu | gya matur tuwan manawi | tuhu kang murwèng dumados ||

29. èstu priksa ing tus kawijilan ulun | Sang Hyang Girinata angling | luwih

--- 69 ---

mokal yèn sun tan wruh | hèh ta mina sira iki | jatine nguni wong wadon ||

30. aranira Ni Umayi sudarmamu | Juragan Sablistan nagri | Si Umaran aranipun | dene gonmu mangun tèki | minta lulusirèng wadon ||

31. pinangrana dening sarupaning makluk | têmah asalah kadadin | sira dadi mina agung | kang liningan duk miyarsi | sru jrih gya nabda ngalap sor ||

32. dhuh pangeran kang sinêmbah kang sinuhun | dening sagunging dumadi | pun dasih mangke nênuwun | waluyaning warna jati | kadi sipating wong wadon ||

33. Sang Hyang Manik mangkana panabdanipun | hèh mina sira wus pêsthi | ruwat sêka cintrakamu | pulih jatining janmèstri | nanging wruhanta samêngko ||

34. yêkti durung tumêka ing mangsanipun | mina Tirbah sukèng ati | têmah sujud wantu-wantu | murdane sumilêm warih | sakêdhap nuli mathongol ||

35. wêktu wau sakèhing bêburon banyu | pan kanut ing Tirbah nuli | sami mangeran Hyang Guru | kocap Hyang Guru wêwangi | Hyang Utipati kang artos ||

36. ratonira bêburon warih puniku | gya mêsat wus tan kaèksi | duk samana Sang Hyang Guru |

--- 70 ---

sangêt kawêkèn ing galih | dènnya mrih panungkuling wong ||

37. kang wus sami mangeran maring mina gung | samana Hyang Sidhajati | antuk wênganirèng kalbu | masang kêmayan ngênani | marang sakathahing uwong ||

38. kang mangeran maring mina Tirbah wau | andadak kênèng sêsakit | lara esuk sore lampus | lara sore esuk lalis | kang urip nandhang prihatos ||

39. wayang-wuyung tilar balewismanipun | ngungsi mring tanah Ibrani | mring Yahudi Brasah Ngêrum | mring Turki Asiah Hindi | nèng Hindi antuk pawartos ||

40. lamun arsa rahayu salamènipun | mangerana Hyang Pramèsthi | pra janma ingkang maèlu | marang gumyahing pawarti | tuhu tan nêmahi layon ||

11. Dhandhanggula

1. lir dhinandhang narendra ing Pèrsi | Sri Dirjasta kaparag ing roga | amadal saking sakèhe | usada têmah lampus | karanane wau sang aji | tan karsa nut ing warta | mangeran Hyang Guru | Sang Prabu Anom Dastandar | kang maèlu marang gumyahing pawarti | waluya gêrahira ||

2. nuli gêntos sing jumênêng aji | ajêjuluk Sang Prabu Dastandar | minulya panjênêngane |

--- 71 ---

mangrèh samining ratu | satlatahnya tanah ing Pèrsi | ambawani wibawa | lir sudarmanipun | swargi Sang Prabu Dirjasta | winursita wau Sang Dastandar Aji | sangêt kapengenira ||

3. myat ing warnanira Hyang Pramèsthi | dene luwih ing prabawanira | gya linggar saking purane | mindha sudra sang prabu | sêdya rawuh ing rawa maswi | dhumatêng mina Tirbah | nèng marga kapêthuk | lan sajuga janma priya | kang wus paham mring warnanira sang aji | dinangu matur nêmbah ||

4. ngaturakên Umaran kang nami | nangkoda gêng nagari Sablistan | lan nata nunggil karsane | kumacèlu yun wêruh | ing warnane Sang Hyang Pramèsthi | arsa tinênês marang | Sang Tirbah mina gung | ingkang dumunung ing rawa | andadoskên parênging galih sang aji | gya sarêngan lampahnya ||

5. tan winarna marga sri bupati | lan Juragan Umaran wus prapta | satêpine rawa age | sujud mring pangranipun | wanti-wanti datanpa kardi | rèh Tirbah tan katingal | kocapa Hyang Guru | ing galih tan kasamaran | marang sêdyanira Sang Dastandar Aji | myang Juragan Umaran ||

6. mila nuli mring rawa nêdhaki | rawuhira jlêg datanpa sangkan | nèng

--- 72 ---

ngarêpe pasilane | Risang Dastandar Prabu | saha nitih lêmbu Andini | sruning kagyat sang nata | jêtung tanpa muwus | Sang Hyang Girinata nabda | gêgununganing janma nagara Pèrsi | lan Juragan Sablistan ||

7. aja pijêr jêtung payo nuli | pratitisna ing panêmbahira | marang ing ngêndi dununge | gonira wus sumujud | marang Tirbah bêburon warih | iku têtela sasar | manawa kalantur | nora wurung patinira | mina dulunên dèn aglis |Kurang empat suku kata: payo nuli mina dulunên dèn aglis. iku sajroning rawa ||

8. Sang Aprabu Dastandar pan maksih | lêngêr-lêngêr tan sagêd ngandika | Ki Juragan datan pae | nanging bisa andulu | rêrupan kang nèng jroning warih | yèn Sang Prabu Dirjasta | ingkang sampun surut | saha wadyabalanira | kang ing nguni tan ngidhêp mring Hyang Pramèsthi | sami salah kadadyan ||

9. sirah praptèng pusêr wujud janmi | pusêr sapangandhap wujud mina | Kyai Juragan wus dene | sang nata sangêt ngungun | Sang Hyang Guru ngandika malih | samêngko sira padha | wruh pangwasaningsun | nanging sira katambuhan | tan sumurup yèn sun Pangeran sêjati | kang murwèng sèsining rat ||

10. anganakeanganakke. kang ora kaèksi | nyirnakake [nyirna...]

--- 73 ---

[...kake] sakèhing lêlara | sang nata sapamyarsane | lan Juragan ing ngriku | nuli èngêt graitèng ati | yèn punika sanyata | kang nama Hyang Guru | misesa ing tri bawana | kang kasusra berat sakèhing sêsakit | kadwi gya sarêng nêmbah ||

11. saha nêbut asmane Hyang Mulki | sarwi matur dhuh Pangeran amba | kang minulya sajatine | ing mangke kawulèstu | ngidhêp saha sami mêmundhi | ing rèh sampun kacihna | yèn tuwan satuhu | kang murwèng rat saisinya | nanging mangkya amba kumêdah udani | kawaskithan paduka ||

12. mèsêm nabda Sang Hyang Sidhajati | sajatine sirèku Umaran | turune Bagindha Salèh | lan sira darbe sunu | wanodyayu aran Umayi | murca praptèng samangkya | sira durung wêruh | dumununge atmajanta | ewadene sêka kamurahan mami | sutanta yun kapanggya ||

13. Sang Hyang Jagadkarana tumuli | anyipta supaya mina Tirbah | tumêkaa ing ngarsane | waluyaa kang wujud | wanodyayu lir widadari | jinurung panêdyanya | ulam Tirbah wau | mêsat kombul saking rawa | dhumawah nèng ngarsanya Hyang Sidhajati | mulya jatining papa ||

14. Ki Juragan [Ju...]

--- 74 ---

[...ragan] anjêlih kêpati | sutanya rinangkul tinangisan | sru nabda dhuh anakku gèr | nora nyana kalamun | sira mangkya maksih basuki | ngong sidhêp wus pralaya | Juragan ing ngriku | nabda dhuh inggih punika | suta amba kang anama pun Umayi | Hyang Guru rum ngandika ||

15. heh gêgunungane janma Pèrsi | sira mêngko padha sumurupa | manawa wiyanga gêdhe | kang sira pangran iku | kadadyane Rara Umayi | lungane saka praja | lêlana nrang kewuh | tapa têmah dadi mina | lah samêngko apa wis pracaya yêkti | sira mring jênêng ingwang ||

16. ya ta wau Sang Dastandar Aji | tuwin Kyai Juragan Umaran | nulya sujud sakarone | wusing sujud gya matur | dhuh pukulun amba samangkin | sampun botên sumêlang | yèn paduka tuhu | kang pinangeran ing jagad | mangkana rum ngandika Hyang Sidhajati | Umaran titah ingwang ||

17. liya saka bocah wadon iki | sira apan maksih darbe suta | loro uga wadon kabèh | Umaran nêmbah matur | dhawuh tuwan datan nalisir | sutamba ingkang wrêdha | pun Ngumari dhaup | lan pun Turkan plunan amba | ingkang wragil nama

--- 75 ---

pun Dèwi Umani | maksih lamban samangkya ||

18. yeka arinipun pun Umayi | Sang Hyang Marcukundha angandika | saka karsèngsun mangkene | Si Umani sutamu | dadya gununganing pra janmi | dene Umayi saka | pamrayoganipun | dadya sêmbahaning janma | marga goning kêpati amangun tèki | mêminta ing bathara ||

19. jinurunga saèsthining ati | dadia sasêmbahaning janma | marma sutanta sarèhne | mantêp pangajapipun | ingsun sipat murah lan asih | sadhengah titah ingwang | kang têmên tinêmu | kang dadi sêdyaning driya | Kèn Umayi saka karsèngsun ing mangkin | dadia garwaningwang ||

20. Ki Juragan dhêku duk miyarsi | nyiptantuk kabagyan tanpa kira | nuwun sumôngga ature | saksana Sang Hyang Guru | lan kang garwa Sang Dyah Umayi | nitih Andini nulya | mêsat tan kadulu | kondur mring kahyanganira | ing pucaking ardi Tangguru kang ugi | namardi Himalaya ||

21. sapêngkêrira Sang Hyang Pramèsthi | Sri Dastandar kondur mring prajanya | Juragan Umaran dhèrèk | ing marga tan winuwus | sapraptaning pura sang aji | ngèngêti andikanya | Sang Bathara Guru | mêne sutaning Juragan |

--- 76 ---

Kèn Umani cinêtha ing têmbe dadi | gêgununganing janma ||

22. milanira lalu pinèt sori | Ki Juragan dahat sukèng driya | wuwuh imbuh kabagyane | pikramane sang prabu | rinêngga lir adating aji | cinêndhak caritanya | Dyah Umani sampun | têtêp angrênggani pura | sri narendra dahat sihira mring sori | samana cinarita ||

23. para janma jajahan ing Pèrsi | agung alit tuwa nom tan ana | kang sumêlang pangidhêpe | lamun Bathara Guru | pangranira ingkang sêjati | kunêng Hyang Girinata | lawan garwanipun | nutug wênah pêpasihan | enggaling kang carita sampun sêsiwi | sakawan sami priya ||

24. putra ingkang pambayun wêwangi | Bathara Sambo nulyarènira | Bathara Brahma wastane | sundhulannya jêjuluk | Sang Bathara Endra kang rayi | Bathara Bayu nama | sawusnya Hyang Guru | kagungan putra sêkawan | kocap nuli wontên swara piniyarsi | mangkana awêwarah ||

25. hèh sutèngsun ywa anggung karon sih | lawan garwanira nini Uma | kaya manungsa carane | krana mênèk kalantur | kita bakal ora sêsiwi | kang prawirèng ayuda | sudira nrang kewuh |

--- 77 ---

môngka srayaning bathara | amêmayu kaluhuranta prituwin | warga santananira ||

26. saranane ora liya kaki | mintaa mring panjênêngan ingwang | Hyang Guru sapamyarsane | graitèng tyas kalamun | sudarmane kang paring wangsit | mila ge linaksanan | mangsah mêsu kayun | sakalihan ingkang garwa | sinambadan panuwune nulya mèksi | cahya nèng ngarsanira ||

27. môncawarna murub anêlahi | Hyang Pramèsthi garjitèng wardaya | yèn jinurung sasêdyane | gya nayud pudyanipun | cinarita nulya wor rêsmi | kalawan ingkang garwa | tan lama kadulu | anggarbini Dèwi Uma | dupi praptèng samaya babar priyadi | umancur cahyanira ||

28. mawa prabawa anggêgirisi | gora guntur kêtug bayu bajra | kagiri-giri gora rèh | ing antariksa têdhuh | dhêdhêt bagaskara sumilip | kilat thathit liwêran | jladri lir kinêbur | ombak gêng anêmpuh parang | kumarangsang kumêrut nora nganggopi | bludag ngalèbi dharat ||

29. mung sakêdhap kanang prabawa nir | padhang sumilak santeroning rat | maruta merut gumèrèh | taru-taru wus tuntum | ing akasa teja dumêling |

--- 78 ---

sêkar ababar gônda | mrik mardu rum-arum | yayah kadi manêmbrama | mring sang kakunging rat kang nêmbe umijil | saking garbaning rena ||

30. duk samana Hyang Guru miyarsi | tela-tela wasitaning swara | hèh kulup sutanta kiye | sun paringi jêjuluk | Sang Bathara Wisnu prituwin | Sang Bathara Kesawa | Hyang Guru uga sung | parap Hyang Sahasra Suman | myang Hyang Basu ing ngriku sang putra nuli | siniram toya gêsang ||

31. wlagang sami sakêdhap sang siwi | malah sampun katingal diwasa | Sang Hyang Wisnu caritane | cêmêng usikanipun | pama kaca ambalêrêngi | mèngèr-mèngèr lathinya | kocap tingalipun | angantarani manawa | katitisan wahyuning prajurit luwih | bèr lêbdèng pamicara ||

32. cinarita Sang Hyang Sidhajati | sawusira pêputra Hyang Suman | atêbih lawan garwane | tan galih karon lulut | kaalingan marêming galih | kunêng kang cinarita | kang jumênêng ratu | anèng jagad ruri sonya | Sang Bathara Sêmar apan wus sêsiwi | sadasa kathahira ||

33. kang pambajêng Hyang Wungku kang nami | ugi anama Sang Hyang Bongkokan | nulya Hyang Siwah arine | Hyang Wraspati puniku | nulya [nu...]

--- 79 ---

[...lya] Sang Hyang Yamadipati | Hyang Surya gya Hyang Côndra | Kuwera Tamburu | tumuli Hyang Kamajaya | wuragilnya èstri Dyah Marmana Siti | gantya kang winursita ||

12. Sinom

1. putrane Hyang Darmajaka | kang nama Hyang Pôncarêsi | ugi kang wus kocap ngarsa | cinarita wus sêsiwi | Hyang Guruwedha nami | ugi Hyang Maharsi Kètu | dene Hyang Guruwedha | sêsuta kalih samyèstri | ingkang sêpuh dyah gusti panêngranira ||

2. kambil garwa ing Bathara | Sambo dene ingkang rayi | ginarwa ing Sang Hyang Brahma | Dyah Saci ingkang wêwangi | putrèng Hyang Pôncarêsi | Hyang Pôncadewa sêsunu | tiga sami wanodya | pambayunira wêwangi | Dyah Swanyana puniku ugi ginarwa ||

3. ing Hyang Sambo nulyarinya | anama Dyah Saragwati | Dyah Rarasati wragilnya | sami Hyang Brahma kang nyori | Hyang Pôncarêsi siwi | Rêsi Wegma kang sêsunu | kalih sami wanodya | kagarwèng Hyang Wisnumurti | nama Dèwi Sri Laksma lan Sri Laksmita ||

4. putrinya Rêsi Janaka | nama Dèwi Niknya tuwin | putrinira Rêsi Satya | Dèwi Sri Satya wêwangi | kêkalihira sami | sinori ing Sang Hyang Wisnu |

--- 80 ---

dene Rêsi Janaka | lan Sang Rêsi Satya ugi | Sang Hyang Pôncarêsi ingkang apêputra ||

5. wontên malih putranira | wau Sang Hyang Pôncarêsi | anama Sang Rêsi Soma | sutanya kalih samyèstri | kang sêpuh Dèwi Ratih | kasub endah warnanipun | sajagad tanpa timbang | manis ayuning parèstri | pinasthika dadya Dyah Ratih kang warna ||

6. dhaup lan Hyang Kamajaya | sambada ing warna pêkik | dadyojat ing sabuwana | yèn panêngêne kawarti | kang timbang kanang warni | mung juga Jêng Nabi Yusup | kêkuwunging wadana | nadyan tranggana lan sasi | kaprabawan kusut mawêlu tejanya ||

7. putrinya Sang Rêsi Soma | kang nèm Dyah Sumi sinori | ing Hyang Bayu cinarita | pra dewa lyanira sami | apêncar palakrami | dhaup lan misananipun | myang kulawarganira | wontên kang dhaup lan janmi | tan antara lama pra dewa wus ngrêda ||

8. wontên kang sipat raksasa | sato kewan wana ardi | buron we lan antariksa | karoncèn lamun winarni | karsanya Hyang Pramèsthi | pinrênahkên dunungipun | wontên kang anèng praja | padesan myang wana wukir | wontên ingkang winisudha dados nata ||

--- 81 ---

9. rêsi ajar lan pandhita | myang dadya punggawèng nagri | samana Hyang Jagadnata | sangêt dènira abudi | pangidhêping pra janmi | kang dumunung tlatahipun | sakulon Pèrsi praja | jajahan ing Banisrail | gya utusan pra warga santananira ||

10. kocap sampun lumaksana | sapraptaning Banisrail | nulya gêlarkên kagunan | kanang minôngka panarik | pangidhêping pra janmi | nanging wong satanah ngriku | tan keguh manahira | muhung santosa ngugêmi | agamane pribadi nêmbah mring Allah ||

11. kagunane para dewa | tumrap ing wong Banisrail | kaprah sami winastanan | kapintêraning Ijajil | kang mangkana jalari | kandhêg ing panêdyanipun | sru merang têmah samya | wangsul maswèng Hyang Pramèsthi | angaturkên ing sasolahing dinuta ||

12. Hyang Jagadnata duk myarsa | sangêt dukanirèng galih | têmah arsa sinantosan | sarana sinrang ing jurit | saksana andhawuhi | mring Sang Ramayadi Êmpu | saputrane kang nama | nênggih Êmpu Anggajali | kinèn yasa dêdamêlirèng ayuda ||

13. tumandang êmpu kalihnya | rina wêngi nambut kardi | kocap tan antara

--- 82 ---

lama | sakèhing wastra wus dadi | warni dhêndha lan ganthi | nanggala candrasa limpung | trisula alugora | konta cakra palu piling | ingaturkên dhumatêng Hyang Jagadnata ||

14. dados kêndhunganing driya | anulya binagi-bagi | mring sakèhing para dewa | kang tinêdah mangun jurit | kang môngka senapati | pra putranira Hyang Guru | samêkta nuli mangkat | sapraptaning Banisrail | nulya nêmpuh ing prang wong bumi atadhah ||

15. pra dewa prawirèng yuda | têguh sudira nrang wèsthi | wong Banisrail kasoran | tilar pabaratan sami | ngungsi malbèng wanadri | wênèh mring guthaka samun | satêmah para dewa | kandhêg kacuwaning galih | cinarita wontên swara kapiyarsa ||

16. dening Sang Hyang Jagadnata | mangkana wruhanta kaki | poma sira aywa ngarah | panungkule para janmi | satlatah kulon Pèrsi | krana wus pinasthi iku | kabèh ngugêmi marang | ing agamane pribadi | sira nora rinilan yèn marentaha ||

17. lan manèh sira wêruha | lamun karsaning Suksmadi | bakal nitahake umat | Nabi Ngisa kang wêwangi | samêngko kulup maksih | anèng garbanirèng biyung |

--- 83 ---

dadine tanpa bapa | lair nèng tanah Israil | yèku ingkang linuwih saka ing sira ||

18. mulane para jawata | kang padha ngrêbasèng jurit | samêngko padha undurna | sanalika Hyang Pramèsthi | angèstokakên wangsit | adhêdhawuh marang sunu | klayan cipta sasmita | para putra sampun tampi | sasmitaning sudarma nulya dhêdhawah ||

19. ambibarkên wadyanira | kêbut para dewa sami | wangsul mring Tangguru arga | pra putra maswèng sudarmi | gya pinaringan uning | wangsit kang sampun dhumawuh | ing wit madya wusana | pra putra dupi miyarsi | tansah sami sangêt pangunguning driya ||

20. ya ta ing Ibrani praja | ugi nagri Banisrail | Jêng Nabi Ngisa wus mahya | saking garbanirèng wibi | Dèwi Maryam kang nami | kocap Sang Bathara Guru | ing galih datan samar | yèn Nabi Ngisa wus mijil | gya dhêdhawuh dhumatêng sadaya putra ||

21. kinon sami umiringa | karana Sang Hyang Pramèsthi | arsa nyumêrêpi marang | warnane Jêng Ngisa Nabi | tumulya mêsat sami | nyèluman datan kadulu | mung sakêdhap wus prapta | duk samana kangjêng nabi | cinarita pan lagya yuswa sacôndra ||

22. pinangku ing ibunira | Bathara

--- 84 ---

Guru duk mèksi | ngungun ngunandikèng driya | dene tuhu ngantarani | calon punjul sabumi | prabaning waktra sumunu | nanging ta pagenea | bayi cinêtha linuwih | dene kaya lumrahing bayi kewala ||

23. nèng pangkon alumah-lumah | sanalika Hyang Pramèsthi | apus sampeyane kiwa | rumôngsa manawa kêni | aladira jêng nabi | ananging Bathara Guru | tan ajrih malah arsa | nyedani mring kangjêng nabi | myang kang ibu wus byantu lan para putra ||

24. lagyarsa tumandang nulya | Hyang Pramèsthi lan pra siwi | sumrêpêt paningalira | ngalumpruk karkate ênting | sru nalôngsa ing batin | rumaos ing sisipipun | sawusira waluya | karkate lir wingi uni | para dewa nulya umêsat ngambara ||

25. kondur mring kahyanganira | nahên gantya kang winarni | wontên panjênêngan nata | jêjuluk Sang Prabu Sakil | Najran ingkang nagari | dene wau sang aprabu | taliti turunira | nênggih Jêng Nabi Ismail | kocap arsa rawuh ing tanah Hindhustan ||

26. anitih baita layar | tanpa kaprabon sang aji | namur lampah sudagaran | baita kang dèn [dè...]

--- 85 ---

[...n] titihi | winotan warni-warni | barang sarwa pèni pênuh | dumadak palwanira | duk prapta madyèng jaladri | sinêrang ing prahara tumêmpuh marang ||karang.

27. pêcah kèrêm wadyanira | siji tan ana kang urip | sang nata angsal cêpêngan | pêcahan palwa kinardi | pikuwatira nglangi | katêmpuh ngombak sang prabu | kombul klêlêp glagêpan | kunêng kang nêmah bilai | Êmpu Anggajali ingkang cinarita ||

28. nuju pandhe nèng samodra | ngambang luhuring warih |Kurang satu suku kata: ngambang saluhuring warih. waspada pandulunira | yèn ana palwa bilai | kang numpang kêlêm sami | mung sajuga kang kadulu | kombul katut ing ombak | saksana dèn pitulungi | wus cinandhak binêkta dhatêng dharatan ||

13. Pocung

1. lir pinocung tan uninga sang aprabu | yèn wucwus. praptèng dharat | muhung tansah luntak warih | gulegekan duk padhang paningalira ||

2. sangêt ngungun myat ing janma priya bagus | sang nata ngandika | dhuh anggèr sotyaning bumi | tan andimpe yèn pun bapa nêmah arja ||

3. kang tumuwuh saking kawlasan sang bagus | wusana samangkya | kawula kumêdah uning | nama tuwin tus kawijilan [kawijila...]

--- 86 ---

[...n] paduka ||

4. ya ta Êmpu Anggajali mangsuli wus | rama kang mlasarsa | sampun kêkathahên paring | pangandika kang mrih lunturing wilasa ||

5. milanipun paduka manggih rahayu | tan liyan punika | pitulunging Maha Sukci | amba muhung sadarmi dados lantaran ||

6. rama dangu ing tus kawijilan ulun | tuwin nama kula | kawula pun Anggajali | bôngsa êmpu trus trahipun Sang Hyang Wênang ||

7. darbe sunu Sang Hyang Wêning namanipun | pêputra anama | Hyang Ramaprawa tumuli | apêputra Sang Ramayadi Bathara ||

8. ugi êmpu puniku sudarma ulun | lah wangsul paduka | sintên kang sinambat ing sih | pinangkanta ing pundi sang nata nabda ||

9. gèr kang tuhu ambêg paramarta sadu | kawula punika | prasajanipun narpati | Prabu Sakil ing Najran nagari kula ||

10. prapta ulun ing ngriki nyangaja namur | lampah sudagaran | kagyat Êmpu Anggajali | miyarsakkên panabdane sri narendra ||

11. nulya dhêku ngatingalkên ajrihipun | ngrêmpi silakrama | wontên ngarsaning narpati | sri narendra dahat rêsêp ing wardaya ||

12. dupyandulu mring Sang Anggajali Êmpu | pêkikirèng warna |

--- 87 ---

kongas jatmikaning budi | tuhu lamun mumpuni ing parikrama ||

13. sang aprabu nabda dhuh anggèr sang bagus | wit saking pun bapa | tangèh sagêda mangsul sih | kadarmanta ing ulun kang tanpa pama ||

14. botên langkung pun bapa sangêt nênuwun | mugyanggèr karsaa | rawuh dhatêng praja mami | kapanggiha lan bok ratu garwa kula ||

15. rèh amba yun nglairkên bingahing kalbu | sakuwasanira | paduka kula aturi | among suka wontên jroning kênyapura ||

16. tuwin ulun darbe putrèstri sru kidhung | Kèn Saka namanya | yèn anggèr condhong ing galih | kaabdèkna kagêma juru dang ika ||

17. ingkang sinung sabda tan suwalèng kayun | saksana umêsat | wantuning Sang Anggajali | trah bathara tan kewran saliring guna ||

18. de sang prabu binakta ngambara sampun | mung sakêjêb netra | kêkalihira wus prapti | nagri Najran jumujug sajroning pura ||

19. tan winuwus sasolahnya nèng pura rum | enggaling carita | sang nata wus nglaksanani | nadarira anutug bojandrawina ||

20. tan cinatur dènnya mong suka sang prabu | ya ta Dèwi Saka | dhinaupakên tumuli |

--- 88 ---

lan Sang Êmpu Anggajali cinarita ||

21. wênah nutug sih-sinihan kalihipun | tan watara lama | sang rêtna sampun garbini | dupi sampun dungkap wanci tigang côndra ||

22. nulya Êmpu Anggajali darbe atur | mring marsêpuhira | dhuh rama kawula wêling | têmbe lamun bayi kang wontên wawratan ||

23. mijil jalu wontêna karsa sang prabu | amaringi nama | pun Sangkala lamun èstri | amba muhung sumarah karsa paduka ||

24. dene ulun samangke sumêdya wangsul | mring tanah Hindhustan | karana sawêg nglampahi | dhawuhipun Hyang Jagad Pramawasesa ||

25. kinèn ngrampungakên ing sakathahipun | astraning pra dewa | yèn kongsi nglirwakkên kardi | botên wande amba nampèni dêduka ||

26. kang mrasêpuh sapira rudahing kalbu | sêdene garwanya | nanging tan pisan ginalih | mung ngèngêti dènnya nglampahi ayahan ||

27. kocap sampun wisata ya ta kang kantun | nèng nagari Najran | Dyah Saka dènnya garbini | kongsi kalih dasa côndra dèrèng babar ||

28. wèh pangungun saha karya susahipun | sudarma myang rena | japamôntra

--- 89 ---

lan usadi | warna-warna tinamakkên tanpa daya ||

29. dupi sampun kalih warsa etangipun | wau Dèwi Saka | dènira garbini nuli | babar priya kaojat pêkik ing warna ||

30. cahyanipun pama kartika mabangun | wus sinungan têngran | lir wêling ingkang ayatdi | gya katêlah ing nama Jakasangkala ||

31. ingkang ibu dahat sih sutrêsnanipun | anêmbe pêputra | dhasar warnanira pêkik | kinakudang kyating rat sumbaga guna ||

32. mung pinugut inggaling caritanipun | Sang Jakasangkala | yuswa kalih wêlas warsi | kasub ing rèh mumpuni ing kaprawiran ||

33. baya iku tumusing trah bathara gung | dhasar kawimbuhan | dening kang eyang pinardi | anggêguru dhumatêng para ngulama ||

34. kang wus putus mring êmpaning kawruh luhung | sakêdhap wus limpat | ya ta ing sawiji ari | sira Jakasangkala marêk ing rena ||

35. nulya matur dhuh ibu amba nênuwun | mugi linêpatna | saking siku tulak sarik | amba kamipurun matur ing paduka ||

36. rèhning sampun kaprah manungsa sawêgung | mawi yayah rena | mangkyamba nuwun jinatin | lah ta sintên ibu sudarma kawula ||

--- 90 ---

37. ingkang ibu duk myarsa aturing sunu | sanalika pindha | pêdhot gantilaning galih | nênggak waspa ketang sih trêsnaning priya ||

38. nulya wangsul sabda marang putranipun | namaning sudarma | pinangkanira prituwin | kawijilan sadaya lêlakonira ||

39. dadosipun dhaup lan sariranipun | wus sinungkên wikan | sang putra dupi miyarsi | sanalika dahat trusthaning wardaya ||

40. inggal matur dhuh ibu mangkyamba ayun | nusul sudarmamba | kang ibu dupi miyarsi | tyasiranglês lir racut bayuning angga ||

41. ririh muwus dhuh-dhuh atma jiwaningsun | puluh-puluh sira | atega tinggal mring mami | ora luwih sun mung wèh puji raharja ||

42. surya tèngsu barat gêni susup-susup | padha rumêksaa | mring woding wardaya mami | sang atmaja matur nuwun nuli mêsat ||

43. de tan dangu duk nèng tawang gya andulu | ing sajuga janma | ngambang madyaning jêladri | nuju pandhe tosan akarya gêgaman ||

44. nulya niyub Jakasangkala jlêg rawuh | ngarsane kang lagya | nambut karya pandhe wêsi | Êmpu Anggajali sru pangungunira ||

45. gya dinangu sang prapta pinangkanipun | tuwin namanira |

--- 91 ---

matur saniskara titi | Êmpu Anggajali dahat sukèng driya ||

46. gya pinêluk kang putra lungayanipun | kang rama sru nabda | bagya kamayangan mami | kalingane sira sutèngsun priyôngga ||

47. ingkang sinung sabda èsmu kagyat matur | dhuh sintên paduka | dene ta dhumatêng kami | tanpa taha lajêng karsa ngakên putra ||

48. sira Êmpu Anggajali mèsêm muwus | babo kulup sira | durung pracaya ring mami | Êmpu Anggajali iku aran ingwang ||

49. sudarmèngsun Hyang Ramayadi ranipun | kang sinung ngling nulya | mangsah wotsari ngabêkti | nabda tuhu paduka sudarma kula ||

50. lah ing ngriku Jaka mangkana sru ngungun | myat ing sudarmanya | dene nyambi nambut kardi | pandhe tosan karya astraning ayuda ||

51. tuhu lamun anèh ing tarekahipun | sakathahing tosan | pinejetan anggulali | astra pira-pira mung sakêdhap dadya ||

52. tumpuk-tumpuk tinata nèng ngarsanipun | kang putra tumulya | umatur marang sudarmi | nglairakên anggambuh raosing driya ||

14. Gambuh

1. dhuh rama sang linuhung | ing salami kawula tumuwuh | dèrèng nate sumêrêp janma darbèni |

--- 92 ---

guna kasêktèn pinunjul | kados paduka sang kaot ||

2. nadyan pami rinuruh | midêr sacakraning jagad kêmput | kang kapraban sunaring pradônggapati | pra dewa bathara anung | amba dugi ugi kasor ||

3. mila pukulun lamun | kaparêng tyas paduka ayun |Kurang satu suku kata: kaparênging tyas paduka ayun. andêdasih nglêbur tapak pada mugi | tuwan paringa pituduh | kagunan kang rêmit elok ||

4. kang rama mèsêm muwus | kulup ingsun siranggêp linuhung | satêmêne mungguh kasêktèn sun iki | lagi lumrah bae kulup | tan kêna ingaran moncol ||

5. kang satuhu pinunjul | yèku Sang Ramayadi eyangmu | kasêktène manawa anambut kardi | wêsi mung pinandêng luluh | mrêngangah kaya ingobong ||

6. pêndhak pandhe dumunung | ngluhur mega mung yayah manêkung | sang atmaja matur dhuh rama mênawi | paduka parêng amba yun | ngulati eyang sang kaot ||

7. ingkang rama jumurung | sang atmaja gya mêsat sumungsung | ing gêgana tansah dènira manoni | tlatahe ardi Tangguru | tan antara ana katon ||

8. sujanma priya lungguh | ngluhur mega cahyane sumunu | wus kinira yèn kang eyang mila nuli |

--- 93 ---

pinarpêkan dupi sampun | marêk sang Jaka wotsinom ||

9. SaSang. Ramayadi Êmpu | èsmu kagyat sang prapta dinangu | kawijilanira tuwin kang wêwangi | myang panêdyanira sampun | katur wit madya praptèng don ||

10. kang eyang gupuh ngrangkul | sarwi nabda babo putuningsun | sira arsa puruhita marang mami | rèh sun siranggêp pinunjul | môngka kaprawiran ingong ||

11. yèn tinimbang Hyang Wisnu | bêbasan adoh abalang kayu | yêkti tangèh kulup bisa anyakêti | mirip prasasat wus munggul | Jakasangkala ing batos ||

12. sangêt pangungunipun | micarèng tyas yèn pamawang ingsun | eyang iki satuhu lamun linuwih | ing guna kasaktènipun | dene maksih ngrasa kasor ||

13. lan Sang Bathara Wisnu | Êmpu Ramayadi malih muwus | sumurupa kang nama Hyang Wisnumurti | iku pêrnah plunan ingsun | putrane Hyang Giri Katong ||

14. Jakasangkala matur | yèn makatên samangke amba yun | angulati pêthinganing batharadi | ingkang jêjuluk Hyang Wisnu | ing pundi dunungirèng don ||

15. kang eyang nambung wuwus | kulup kahyanganing Sang Hyang Wisnu | nunggal lawan sudarma [su...]

--- 94 ---

[...darma] Hyang Sidajati | anèng graning iku gunung | kang liningan awotsinom ||

16. amit umêsat sampun | prapta pucaking ardi Tangguru | sira Jakasangkala dupi manoni | kôntha-kanthaning swarga gung | lêngêr jêtung amandongong ||

17. wisma mas lajur-lajur | sarwi adi endah wangunipun | papêthetan pôntha-pôntha thirik-thirik | pêntil woh intên jumêrut | pradapa nglungsir bang ijo ||

18. gapura akik wungu | wontên papêthan narendra lulut | pêpulêtan sisik kumala rinukmi | jamang krun antero murub | pêthit hèr gêni sumorot ||

19. nahên ta Sang Hyang Wisnu | kang satuhu wicaksanèng kalbu | datan samar yèn sutane Anggajali | yun maswèng sariranipun | milenggal Hyang Wisnu miyos ||

20. saking kaswarganipun | sumunar jênar busananipun | ngasta bukur cakra bêbinggêl rugmadi | nêdhaki ngandika arum | hèh trahing bathara kaot ||

21. sira sutaning Êmpu | Anggajali Sangkala aranmu | praptèng kene yun maswa Hyang Wisnumurti | panêdyanirarsa nyuwun | rumêntahing kawruh kaot ||

22. Jakasangkala [Jakasang...]

--- 95 ---

[...kala] ngungun | mring kawasanira ingkang rawuh | nulya matur sintên paduka puniki | winangsulan sun Hyang Wisnu | putrane Hyang Giri Katong ||

23. kang sinung ngling gya sujud | manabda dhuh bathara kang luhung | kang minôngka pêpundhèning pra dumadi | dhawuh paduka ing wau | lan sêdyèng tyas amba cocog ||

24. mila ambarsa nyuwun | bêrkah rumêntahing kawruh luhung | Sang Bathara Suman angandika malih | apa mantêp panêdyamu | yun puruhita maring ngong ||

25. Jakasangkala matur | sampun ingkang sakit nadyan lampus | amba têmah samêndhang datan gumingsir | mangkana Bathara Wisnu | èsmu gumujêng ing batos ||

26. rèhne panêdyanipun | Jakasangkala mantêp trus kalbu | kayaktène Sang Bathara Wisnumurti | sakèhe panabdanya mung | môngka dadar togirèng don ||

27. ing ngriku Sang Hyang Wisnu | mintonakên kaluwihanipun | mêsat maring awiyat amblês pratiwi | anulya wangsul kadulu | sakêdhap gya plas tan katon ||

28. janggêlêg nuli rawuh | angandika Sang Bathara Wisnu | hèh Sangkala samêngko sira wus uning | tètère kasaktèn ingsun | pêsthi yèn siranggêp [siranggê...]

--- 96 ---

[...p] moncol ||

29. Jakasangkala ngungun | ngunandika sanyata Hyang Wisnu | kasumbaga ing kaprawiran mumpuni | pêthinganing bathara gung | kasubing rèh widagdèng don ||

30. nabda malih Hyang Wisnu | aja age-age sira kèlu | mring kasaktèn ingsun satêmêne kaki | mungguh kang mangkana mau | kagunan kang mêksih asor ||

31. yèn sira kongsi korup | iku aran kajlomprong ing laku | sajatine janma kang kasbut linuwih | yèku kang wruh uripipun | sampurna kasidan ing don ||

32. mring kang sinêmbah wêruh | dununge kang sêmbah nora ewuh | prasajane kang mangkono iku kaki | ingsun durung paja gayuh | kajaba mung mitraningong ||

33. pandhita sudibya nung | Ngusman Aji iku wastanipun | adêdunung ing nagara Banisrail | atmajaning guron ingsun | Ngusman Aji kasubing wong ||

34. dene kang têtêp punjul | iku mung siji Allah ingkang agung |Lebih satu suku kata: iku mung siji Allah kang agung. nora arah nora gon tan kôntha warni | andhewe Allah kang wujud | dudu jaba dudu jêro ||

35. panêmuningsun iku | lamun ana ing kene wus tamtu | ingaranan nyalênèh lawan sêsami | cêgah kongsia kawêtu |

--- 97 ---

sun kêkêr jroning tyas kamot ||

36. ing lailair. kudu manut | tatacara ingkang wus kalaku | sumawana sun trahing bathara adi | pikirên pitutur ingsun | thukna ing tyasmu kang mathok ||

37. rèhning tyasing janma nung | wêning pama kumala narawung | angalangut kasor angganing jaladri | wus pasthi nora pakewuh | marang lèjêming pasêmon ||

38. kang liningan gya matur | yèn makatên samangke amba yun | amanggihi Sang Pandhita Ngusman Aji | kang kaloka sudibya nung | sidik paningal trus batos ||

39. Sang Hyang Wisnu jumurung | nabda payo mangkata dèn gupuh | titining kang panabda Hyang Suman nuli | kondur mring kaswarganipun | Jakasangkala kacriyos ||

40. wus mêsat tan kadulu | praptèng tanah Ibrani puniku | inggih ingkang nama nagri Banisrail | nèng ngriku sampun kapangguh | lan Ngusman Aji sang kaot ||

41. ngaturkên namanipun | kang pinôngka kawijilanipun | tuwin ingkang dadya panêdyaning kapti | minta rumêntahing kawruh | kang nir malanirèng batos ||

42. sang pandhita lumuntur | sihing galih sang prapta winuruk | bab patraping manêmbah mring Maha Suci |

--- 98 ---

agama Ngisa kang tinut | kacakup ing tyas tan keron ||

43. myang sinungan pituduh | pantoging rèh sidaning tumuwuh | sruning marêm Jakasangkala makongsi | supe kaprawiranipun | kalingan brangtèng Hyang Manon ||